Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437 (Pupuh 07-18)

Katalog:Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437
Sambung:
1.Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437 (Pupuh 01-06). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #1266.
2.Darmagandhul, H. Buning, c. 1920, #437 (Pupuh 07-18). Agama dan Kepercayaan | Kebatinan dan Mistik #1267.

7. Sinom

1. sang prabu praptèng Blambangan | kèndêl margi pinggir bèji | ratu agung binathara | baudhêndha nyakrawati | mangkya nahên prihatin | rêkasa ing tindakipun | kang munggèng ngarsanira | dasih kalih datan têbih | Palonsabda Genggongnaya gêgujêngan ||

2. kasaru ing praptanira | Sunan Kali gya ngabêkti | sumungkêm pada narendra | ngandika sri narapati |

--- 103 ---

hèh Sahit sira prapti | apa karyamu kang pêrlu | nututi lakuningwang | umatur Jêng Sunan Kali | prapta ulun dinuta putra paduka ||

3. nusul madosi paduka | kapanggiha pundi-pundi | sêmbah sungkême konjuka | ing pada paduka aji | lan nyuwun pangaksami | sadaya klêpatanipun | kamipurun angrêbat | kaprabon tuwan narpati | inggih saking kalimput tyas punggung mudha ||

4. kirang priksa parikrama | kasêsa sêlak kêpengin | mêngku praja angrèh wadya | siniwi para bupati | mangkya putra sang aji | rumaos ing lêpatipun | darbe bapa tur raja | ratu agung nyakrawati | anyêngkakkên sing ngandhap aparing pangkat ||

5. ing Dêmak nama dipatya | têmah kalimput ing galih | ngrêbat praja mamrih seda | tangèh malêsa prayogi | ing sih paduka gusti | mangke putra tuwan emut | darbe bapa tur raja | ratu agung nyakrawati | tilar praja [pra...]

--- 104 ---

[...ja] tan karuan dunungira ||

6. rumaos angsal dêduka | mring kang karya bumi langit | mila kawula dinuta | madosi paduka gusti | kapanggya pundi-pundi | paduka ngaturan kondur | dhatêng ing Majalêngka | têtêpa kadya ing nguni | mêngku praja siniwi para punggawa ||

7. awèta kinarya jimat | pinundhi-pundhi pra siwi | wayah buyut myang santana | pinèt sawabipun gusti | rahayune nèng bumi | manawi paduka kondur | putra paduka pasrah | karaton konjuk sang aji | putra tuwan nyaosakên pêjah gêsang ||

8. parêng botên kaparênga | putranta nyuwun aksami | sadayaning kalêpatan | lan nyuwun pangkate lami | Dêmak nama dipati | têtêpa kadya rumuhun | yèn paduka tan arsa | angasta kaprabon aji | sinaosan kadhaton wontên ngaldaka ||

9. ing pundi ingkang kinarsan | ngaldaka kang dèn dhepoki | putra paduka kang yasa | sapirantosing [sapira...]

--- 105 ---

[...ntosing] maharsi | putra tuwan nyaosi | busana dhahar sang prabu | nanging nyuwun pusaka | karaton ing tanah Jawi | dipun suwun kang rila trusing wardaya ||

10. ngandika Sri Brawijaya | sun ngrungu aturmu Sahit | nanging tan ingsun gatèkna | karana wus kapok mami | rêmbugan karo santri | padha nganggo mata pitu | kabèh mata lapisan | ablero lamun ningali | mulat ngarsa wuri anjênggung mastaka ||

11. cature mung manis lesan | batine angandhut wêdhi | kinapyukake ing mata | picêka mataku siji | mula ingsun bêciki | walêse lir munyuk buntut | apa salah manira | rinusak tanpa prakawis | tinggal tata adat caraning manusa ||

12. mukul prang tanpa panantang | anganggo tataning babi | dudu manusa utama | Sunan Kali duk miyarsi | ngandikane sang aji | rumôngsa ing lêpatipun | dènira mèlu bêdhah | karaton ing Majapait | analôngsa kaduwung kaya [ka...]

--- 106 ---

[...ya] matia ||

13. ngrêrêpa ing aturira | saduka-duka sang aji | kang dhumatêng putra tuwan | dadosa jimat paripih | kacancang pucuk wèni | kapundhi wontên ing êmbun | mandar amuwuhana | cahya nurbuwat kang wêning | rahayune sadaya putra paduka ||

14. rèhning sampun kalampahan | punapa winuwus malih | namung aksama paduka | sinuhun putra sang aji | mila mangke mangsuli | kalêpatan ingkang sampun | wangsul karsa paduka | karsa tindak dhatêng pundi | angandika Sang Aprabu Brawijaya ||

15. saiki karsa manira | arsa tindak marang Bali | katêmu yayi narendra | Dewa Gung Kalungkung nagri | arsa ingsun wartani | Si Patah pratingkahipun | sikara tanpa dosa | lan ingsun purih nimbali | para raja kanan kering tanah Jawa ||

16. samêkta kapraboning prang | Blèlèng Lombok Badhung Mangli | Karangasêm Jagaraga | Bima Mêgora Mêkrai | Sêmbawa lawan Jambi | Timur Ambon Alipuru | Guwa

--- 107 ---

lan Powa-powa | Mêkasar Mênado Boni | Pacêt Butun Têrnate lan Dhore Bandhah ||

17. Sulukote ing Banjarmas | Siyak Batak Luri malih | Dhayak Selongdana Bawang | Riyo Lingga Tapanuli | Mlabar tanapi Ngacih | Minangkabo Bangkaulu | Nias Lampung Piyaman | Padhang Prêcah Padhang Tinggi | Adipati Palembang sun wèhi wikan ||

18. yèn anake karo pisan | sapraptane tanah Jawi | karo sun karya dipatya | padha amêngku nagari | nanging tan wêruh margi | wani mungsuh bapa ratu | sun jaluk lilanira | anake ingsun patèni | sabab murtat ing bapa kapindho raja ||

19. lan ingsun arsa sung wikan | mring Ongte Cina nagari | yèn putrane wus patutan | lan ingsun kakung sawiji | nanging tan wêruh bêcik | wani mungsuh bapa ratu | sun jaluk lilanira | putune ingsun patèni | lan sun jaluk biyantu prajurit Cina ||

20. samêkta kapraboning

--- 108 ---

prang | anjujug nagara Bali | yèn wus samêkta ngayuda | asikêp kaprabon jurit | manawa padha eling | labêt kabêcikan ingsun | kalawan duwe wêlas | mring wong wungkuk kaki-kaki | yêkti prapta ing Bali samêktèng yuda ||

21. sun ajak mring tanah Jawa | angrêbut karaton mami | nadyan prang gêdhe gêmpuran | lan anak ingsun tan isin | wit ingsun tan ngawiti | tinggal carane wong agung | Sunan Kali miyarsa | dhawuhe sri narapati | pan alêgêg ngandika jroning wardaya ||

22. tan cidra lan dhawuhira | Nyai Agêng Ngampèlgadhing | si eyang wungkuk bêrgagah | bêrgigih gagahi nagri | tan miyat wujud dhiri | gêgêr wungkuk kulit kisut | lamun iki banjura | anyabrang marang ing Bali | nora wurung karya pêrang bratayuda ||

23. tur Dêmak môngsa mênanga | karana kêtindhih sisip | mungsuh bapa pindho raja | ping têlu agawe bêcik | yêkti wong tanah Jawi | kang durung Islam [I...]

--- 109 ---

[...slam] satuhu | asih mring ratu tuwa | angantêp tangkêping jurit | yêkti kasor wong Islam tumpês ing aprang ||

24. wasana alon turira | dhuh pukulun sri bupati | upami tuwan lajêngna | ing karsa paduka aji | nimbali pra narpati | tan wurung dadya prang brubuh | punapa botên ngeman | risake nagari Jawi | sayêktine putra paduka kasoran ||

25. paduka jumênêng nata | tan lama nuli ngêmasi | kaprabon nata kêliya | sanès darah paduka ji | upaminipun anjing | rêbatan bangkening gêmbluk | kang kêrah tulus kêrah | tumpêsan sami ngêmasi | daging manah tinêdha mring sanès sona ||

26. ngandika Sri Brawijaya | luwih karsaning Hyang Widhi | ingsun ratu binathara | nêtêpi watakku siji | tan amot mata kalih | siji bênêr paningalku | ingkang miturut sarak | pranatane bôngsa inggil | yèn Si Patah ngrasa duwe bapa mringwang ||

27. kêpengin dadi narendra |

--- 110 ---

disuwuna krana bêcik | karaton ing tanah Jawa | sun paringkên lawan aris | ingsun wus kaki-kaki | wus warêg jênênging ratu | trima dadi pandhita | pitêkur ana ing wukir | balik mangke Si Patah siya maringwang ||

28. sayêkti ingsun tan rila | ing Jawa dipun ratoni | luwih karsaning Suksmana | pamintaningsun ing nguni | Sunan Kali miyarsi | ngandikanira sang prabu | rumôngsa tan kaconggah | ngaturi sri narapati | nulya muwus sumungkêm pada sang nata ||

29. nyaosakên cundrikira | umatur sarwi anangis | manawi karsanta nata | tan arsa kula aturi | tan sagêd aningali | pratingkah kang langkung saru | kawula nyuwun pêjah | suwawi tuwan têlasi | datan tahan ginaguyu isining rat ||

30. kanggêg tyas Sri Brawijaya | tri pandurat tan kêna ngling | têbah jaja nênggak waspa | lah Sahit lungguha dhisik | sun pikire kang bêning | sun timbange aturamu | têmên lan gorohira |

--- 111 ---

karana ingsun kuwatir | kèhing aturira manawa lamisan ||

31. hèh Sahit iku upama | sun kondur mring Majapait | Si Patah seba ngarsèngwang | gêthinge tan bisa mari | dene duwe sudarmi | Buda kawak kapir-kupur | lali tan ngetung bapa | sun cinêkêl kinabiri | sinung karya atunggu lawang pungkuran ||

32. esuk sore miwah siyang | pinardi sêmbahyang mami | yèn tan bisa dipun guyang | ing blumbang dipun kosoki | alang-alang kang garing | iba-iba susah ingsun | rupa ala wus tuwa | nyêkukruk kinum ing warih | sru gumujêng Kangjêng Sunan Kalijaga ||

33. mokal kadyaa punika | kawula kang tanggêl benjing | manawi putranta siya | ing paduka sri bupati | dene baping agami | sakarsa paduka tinut | namung langkung utama | manawi paduka arsi | ngrasuk sarak Rasul nêbut asma Allah ||

34. yèn karsa wontên punapa | karana baping agami | tan muhung

--- 112 ---

salat sêmbahyang | pikêkahira Islami | nging sadat kêkah ugi | nadyan salat dhingkal-dhingkul | yèn dèrèng ngrêtos sadat | têtêp yèn punika kapir | angandika Mahaprabu Brawijaya ||

35. sadat iku kaya apa | manira durung mangrêti | age sira ucapêna | mirênga talingan mami | matur Jêng Sunan Kali | gih punika lapalipun | ngucap ashaduala | la ilahailullahi | kaping kalih angucap ashaduana ||

36. Mukhammadar Rasulullah | têgêse ingsun ngawruhi | pan ora ana Pangeran | amung Allah kang sajati | lawan ingsun nêksèni | Jêng Nabi Mukhamad iku | utusanira Allah | la ilah hailullahi | ya Mukhammad Rasulullah kang sanyata ||

37. wong kang nêmbah puji aran | tan wikan wujud sajati | atêtêp dados wong kowar | tiyang ingkang nêmbah muji | kang sipat wujud warni | nêmbah brahala ranipun | lair batine sasar | wikana ing lair [la...]

--- 113 ---

[...ir] batin | tiyang ngucap sumurupa kang dèn ucap ||

38. têgêse Nabi Mukhammad | Rasulullah kang sajati | Mukhammad makam kuburan | kubure rasa sakalir | ragane janma iki | kubure raga sadarum | muji badan priyôngga | amuji Mukhammad Ngarbi | raganing wong wayangan dating Pangeran ||

39. wujud makam isi rasa | Rasul rasa kang nusuli | rasa pangan manjing lesan | Rasule munggah suwargi | alêbur tanpa dadi | lèlèh luluh dados êndhut | kasêbut Rasulullah | rupa ala gônda bacin | namilullah rupa ala gônda salah ||

40. riningkês sêbutanira | Mukhamad Rasulullahi | kang dhihin ngawruhi badan | ping kalih ngawruhi têdhi | ping tri ngawruhi isi | rasa jro suwarganipun | wus wajibing manusa | mangran raga rasa têdhi | mila nêbut Mukhammadar Rasulullah ||

41. mulane santri sêmbahyang | angucap lapal usali | angawruhi [angawruh...]

--- 114 ---

[...i] asalira | wontêne raganing janmi | asale roh ilapi | rohira Mukhammad Rasul | têgêse rasul rasa | wijile rasaning urip | mêdal saking makaman badan kang mlêkah ||

42. lantaran ashaduanla | mila mantèn minggah khaji | pinardi ngucap ngartosa | ashaduanla ing nginggil | lamun botên mangarti | sahadat kasêbut ngayun | tan wikan rukun Islam | tan wikan purwaning dadi | awit saking kang lapal ashaduanla ||

43. rèhning Kangjêng Rasulullah | punika bôngsa mangarti | wikan gunggunging manusa | ing dunya muhung sadhosin | warnanipun mung kalih | wong èstri kalawan jalu | samya mêdal sing makam | sami asli roh ilapi | mêdal saking makaman badan kang mlêkah ||

44. rèhning Jêng Mukhamad Mêkah | pinaring wahyu Hyang Widhi | bikak kawruh gaip samar | nartani sagunging janmi | dadya ingkang pinuji | Mukhammad nagari Ngarbun | sabab kang mêruhêna | tata agami Islami |

--- 115 ---

muji guru Mukhammad kang lair Mêkah ||

45. sarat mawas keblatira | Kakbatullah Mêkah nagri | niku tata kalairan | êninge ing dalêm batin | madhêp keblat pribadi | ing guwa sir ciptanipun | punika Kakbatullah | apanta raganing janmi | Kakbatullah prau gaweaning Allah ||

46. gih bètullah gih makaman | inggih raga ulun niki | wujud guwa siring cipta | dêdamêlaning Hyang Widhi | sun gawa wira-wiri | manut siring cipta ulun | pundi panggenan kula | niku têngah jagad mami | dadya keblat raga ulun sipatullah ||

47. pan kinarya kanyataan | sipat wujuding Hyang Widhi | pinaringakên kawula | mriksa ngangge griya dadi | tan wikan kang darbèni | tan wruh ijab kabulipun | mirsa wus ngangge raga | sun tingali mata siji | kang kagungan ala muruk tunggil kula ||

48. upami tyas ngeklasêna | muji Mukhammad ing Ngarbi | mawas Kakbatullah Mêkah | sêmbah sêbute tan dugi | kalamun botên [botê...]

--- 116 ---

[...n] muji | Mukhamad kang lair Ngarbun | têtêp kapir-kapiran | tan wikan purwaning dadi | awit saking lapal ashaduanlaha ||

49. upami wong manggèn wisma | mirsa ngangge griya dadi | sayêktine ingkang gadhah | narik sewan sabên sasi | ragate manggèn panti | yèn tan bayar dipun ukum | siniya sinikara | linêbêtakên ing sêpir | mila wajib ngabêkti kang yasa badan ||

50. kasêbut ing dalêm kitab | dosaning wong mring Hyang Widhi | kang durjana badanira | bêkta raga wira-wiri | tan wruh asalirèki | salamining gêsang pandung | gawa raga pêtêngan | dèn angge tur dèn kukuhi | wus wajibe siniksa dening Hyang Suksma ||

51. sanèse dosa punika | dosa guru lan narpati | yayah rena garwa putra | mitra karuh lan sasami | dosa maning lan janmi | jangji jawab nyuwun maklum | ngangge raga pêtêngan | dosa mring Allah pribadi | konjuk sintên ature nyuwun ngapura ||

--- 117 ---

52. mila wajibing agêsang | sayogya sami ngawruhi | dununge sarak sarengat | tarekat kakekat yêkti | sakawan makripati | angandika sang aprabu | artine kayaparan | kang aran sarengat yêkti | alon matur Kangjêng Sunan Kalijaga ||

53. têgêse nami sarengat | yèn sare ngadêg kang wadi | tarekat tarèn mring garwa | kakekate sami apti | ngabên kanang wêwadi | kêdah rujuk èstri jalu | makripat ngrêtos wikan | sarak sarat laki rabi | ngabên ala dèn idèni yayah rena ||

54. ping kalih idining raja | ping tiga sêksi sasami | nyuwun idi bapa biyang | jalaranipun dumadi | nyuwun idi narpati | kalipahira Hyang Agung | sêksi dhatêng sasama | kawuninganira sami | èstri niki dados baetullah kula ||

55. gene raga ulun mulya | salat dhatêng Mêkah kaji | wujude wujuda anak | ana anane pribadi | wontên sahadat malih |

--- 118 ---

kang botên mawi ashadu | pisahe raga suksma | iku sadat dèn arani | inggih niku sahadat tanpa lawanan ||

56. sampun bêkta sampun nilar | jasat paduka puniki | mung ngaturêna titipan | dèn katur mring kang nitipi | suka sri narapati | miyarsa ing aturipun | Jêng Sunan Kalijaga | ing panggalih sampun gingsir | karsa Islam anêbut asmaning Allah ||

57. sukèng tyas Sang Brawijaya | mèsêm angandika aris | nyata bênêr Sahit gampang | ngèlmune wong Ngêsam iki | bêcik ing dina iki | ingsun ngrasuk sarak Rasul | nêbut asmaning Allah | Pangeran ingkang sajati | saksènana iki Sahit Islam ingwang ||

58. Sunan Kali tur sandika | sang prabu ngandika malih | yèn wus Islam jênêng ingwang | sun kondur mring Majapait | pasrah kaprabon mami | Si Patah kang ingsun junjung | amêngku tanah Jawa | nuhoni kaprabon mami | sun mandhita gunung Pacêt kang sun sêdya ||

--- 119 ---

59. Sunan Kali aturira | langkung jumurung sang aji | kang dados karsa sang nata | mendah sukanirèng galih | putranta sang dipati | paduka sinunggi ngêmbun | jinimat pinusaka | pinuji pinundhi-pundhi | paring praja tur karsa tunggil agama ||

60. Sunan Kali angrêrêpa | ature arum amanis | kèwês luwês amêmêlas | utamènipun sang aji | têrus ing lair batin | pratôndha Islam satuhu | sampun batin kewala | laire kanthia saksi | paras rema agundhul kadi kawula ||

61. ngandika Sri Brawijaya | iya parasana mami | mèlu gundhul kaya sira | Sunan Kali ngasta gunting | nulya dipun parasi | mastakanira sang prabu | kang rema datan pasah | umatur Jêng Sunan Kali | kadospundi ing karsa paduka nata ||

62. karsa dhawuh lêlamisan | tan têrus ing lair batin | ing batin wus karsa Islam | ing lair taksih ngêkahi | agami kang rumiyin | punika pratandhanipun |

--- 120 ---

dene rema paduka | botên pasah ulun gunting | Islam batos namane Islam ngindalah ||

63. Islame batos kewala | ing laire taksih kapir | manawi ing lair Islam | ing batose maksih kapir | kapir ngindanas nami | utamènipun sang prabu | lair batin Islama | dados ngagêm mata siji | angandika Mahaprabu Brawijaya ||

64. lah ta sira tutugêna | amarasi marang mami | wus eklas trus lair manah | ingsun masuk sarak nabi | sigra ginunting malih | remanira sang aprabu | wus radin pangguntingnya | wus paras sri narapati | ngandika mring dasih kang anèng pungkuran ||

8. Pangkur

1. Palonsabda Genggongnaya | karo pisan sun tuturi sun tari | awit dina iki ingsun | tinggal agama Buda | ingsun masuk agama Rasululullahu | anêbut asmaning Allah | Pangeran ingkang sajati ||

2. kang dadi karsa manira | karo pisan sira sun ajak salin | agama Rasulullahu |

--- 121 ---

ninggal agama Buda | Palonsabda Genggongnaya matur sêndhu | kawula ratuning dhanyang | kang rumêksa tanah Jawi ||

3. sintên kang dadya narendra | nadyan badhe kawula êmong ugi | pan wus karsaning dewa gung | puniku karyaningwang | awit saking luhur paduka rumuhun | Sang Wiku ManonmanôngsaManumanasa. | Sêkutrêm lan Bambang Sakri ||

4. run-tumurun praptèng mangkya | kula pamong pikukuh lajêr Jawi | lamun nuju tilêm ulun | satus rongatus warsa | nuntên rêsah pêrangan sami sadulur | kang nakal anêdha janma | sami bangsane binukti ||

5. têkèng mangke umur kula | wontên dunya sampun rongèwu warsi | langkungipun tigang taun | sun momong lajêr Jawa | datan wontên kang owah agamanipun | nêtêpi awit sapisan | ngèstokkên Buda agami ||

6. amung paduka punika | karsa tilar pikukuh lajêr Jawi | Jawi ngrêti têgêsipun | narimah nami jawan | rib-iriban [rib-iri...]

--- 122 ---

[...ban] rêmên manut nunut-nunut | pamrihe karya kapiran | kamukswan paduka benjing ||

7. sabdanira wiku tama | sinauran gêtêr patêr kang bumi | sinêmon marang dewa gung | Sang Prabu Brawijaya | dènnya karsa malêbêt agami Rasul | rêrupan ing dalêm dunya | tinambahan warna katri ||

8. siji aran sukêt jawan | pari rôndha nunut lan pari mriyi | angandika sang aprabu | kapriye Palonsabda | Genggongnaya kang dadi kêkêncêngamu | apa gêlêm apa ora | atinggal Buda agami ||

9. anêbut Nabi Mukhamad | Rasulullah panunggul para nabi | lawan nêbut asmanipun | Allah sabênêrira | Sabdapalon Genggongnaya matur sêndhu | paduka ngrasuk pribadya | kawula botên kadugi ||

10. tan tahan ulun tumingal | adat siya kadya wong tanah Ngarbi | siya kukum sêbutipun | tur siya dhatêng raga | ngèlmunira ampungan sarat sadarum | manawa karya

--- 123 ---

kapiran | kamukswan kawula benjing ||

11. dene kang mastani mulya | sarak Rasul punika tiyang Ngarbi | lan tiyangipun sadarum | gunggung badan priyôngga | mênggah ulun mastani wong botên urus | anggunggung bêciking tôngga | ngapêskên badan pribadi ||

12. sun rêmên agami lama | nêbut Jagad Dewa Gung Kang Linuwih | jagad niku raganipun | dewa budi lan hawa | wus wajibe manusa iku mung manut | elinge budi karêpan | dados botên ngapirani ||

13. yèn eklas nêbut Mukhamad | Rasulullah sayêkti aniwasi | Mukhamad makaman kubur | kubur rasa kang salah | mung mangeran raga wadhag wadhah êntut | mung nêdha eca kewala | tan wrin bilaining wuri ||

14. mila nami Mukhammadan | makam badan kubur rasa sakalir | roh ilapi asalipun | lapi niku lapisan | yèn wus risak wangsul dhatêng asalipun | wangsul Prabu Brawijaya | dumunung wontên ing pundi ||

--- 124 ---

15. Adam muntêl lawan ingwang | nami Brahim kabraènipun urip | Musa nêmu rasa tuhu | nging satangining rasa | wujud badan ingaranan Mukhammadun | makaman kuburing rasa | iyasane Radèn Budi ||

16. dat sipating Hyang lan rasa | yèn pinundhut ring Hyang Kang Maha Luwih | raga paduka puniku | kalawan sipating Hyang | wujud dadi dadine dhewe puniku | lantaran angadu ala | bapa biyung botên kardi ||

17. mila ingaranan anak | ananira saka wujud pribadi | gaip samar dadosipun | tan kadugèng kawula | ing karsane lata wal ngujya kang nglimput | wujud-wujude pribadya | risak-risake pribadi ||

18. dat sipating Hyang lan rasa | yèn pinundhut ring Hyang Kang Maha Luwih | mung kantun pangrasanipun | ingkang paduka bêkta | dhatêng pundi panggenan paduka nglimput | napa dados tuwan tanah | dados dhêmit têbas siti ||

19. dene langkung saking nistha | anênggani dagangan daging

--- 125 ---

bacin | kang wus luluh dados lêbu | têtêp yèn tanpa guna | saking kirang budi nalar kawruhipun | duk gêsange dèrèng nêdha | woh wit kawruh woh wit budi ||

20. trimah pêjah dados setan | têngga siti ngajêng-ajêng wong ngirim | sajèn slamêtan lan kutug | tilar mukjijat walat | wèh kiyanat mring anak putu ing pungkur | wong pêjah botên kabawah | pranatan ratu ing lair ||

21. amung ala kang bawahna | pan wus sadat suksma pisah lan budi | lamun sae tekatipun | ginanjar ing kamulyan | lamun awon anampani siksanipun | suwawi paduka jawab | atur kawula puniki ||

22. angandika sri narendra | Brawijaya mulih marang asali | asal nur bali marang nur | Ki Sabdapalon ngucap | inggih niku kawruhe wong bingung pêngung | sawiji wangsul satunggal | sabab dunya gêsang rugi ||

23. tan darbe kawruh kèlingan | dèrèng nêdha woh kawruh lan [la...]

--- 126 ---

[...n] woh budi | asal siji mantuk satu | dede pati utama | kang utama sèwu satus têlung puluh | satus putus têlu têlas | puluh pulih wujud malih ||

24. langgêng risak wujudira | ingkang risak kang asal roh ilapi | ingkang langgêng uripipun | pisah raga lan suksma | gih puniku sahadat kang tanpa sadu | gêntos roh lapi lapisan | sasi surup andhadhari ||

25. ciri niku ngarimana | asalira wit wujud dados janmi | surup-sumurupa niku | purwa madya wusana | nêtêpana araning janma lumaku | sampun obah saking pêrnah | jro guwa sir cipta lami ||

26. angandika sri narendra | ciptanipun nitis janma linuwih | Ki Sabdapalon turipun | puniku wong kêsasar | lir mladheyan tumèmpèl munggèng wrêksa gung | tan bawa tancêp pribadya | kamuktène trima nêmpil ||

27. dede pati kang utama | inggih niku patine tiyang nisthip | rêmên nèmpèl nunut-nunut |

--- 127 ---

botên bawa pribadya | yèn tinundhung kêloyongan tanpa dunung | dados setan brakasakan | nèmpèli pujaning jinis ||

28. angandika sri narendra | asal suwung sun mulih marang sêpi | kala ingsun durung wujud | tan ana apa-apa | ingsun mati ya mangkono kanthanipun | niku patine wong kalap | nglowong tanpa iman ngèlmi ||

29. duk gêsange kadya kewan | wus narima mangan minum lan guling | melik rosa lêmu bagus | sugih daging dagangan | wus narima ngising tai lawan nguyuh | mila pêjah tanpa iman | sirna uripe jro pati ||

30. ngandika malih sang nata | sun nunggoni makaman kubur mami | kang wus luluh dadi lêbu | Ki Sabdapalon turnya | gih puniku patine wong cubluk busuk | dados setan ing kuburan | karyane atunggu daging ||

31. kang wus ajur awor lêmah | tanpa wêkas niku patining santri | saking cupêt kawruhipun |

--- 128 ---

kalingan lailullah | botên ngrêtos yèn roh ilapine santun | tiyang bodho têgêsira | ngandika malih sang aji ||

32. sun muksa saraganingwang | Sabdapalon gumujêng matur aris | yèn tiyang agami Rasul | têrang tan sagêd muksa | tan kuwawi ngringkês nguntal raganipun | alêma kakehan tela | kawratan dagangan daging ||

33. wong mati muksa cilaka | nami pêjah tan tilar layon jisim | botên sagêd têgêsipun | tan pêjah botên gêsang | botên sagêd gantos roh ilapinipun | tiyang bodho têgêsira | mung dados gunungan dhêmit ||

34. sun tan nyipta apa-apa | nora niyat ihtiyar nampik milih | luwih karsaning Hyang Agung | minta lakuning gêsang | Sabdapalon umatur sarwi gumuyu | paduka anilar sipat | supe yèn tinitah luwih ||

35. tilar wajibing manusa | wus winênang ihtiyar nampik milih | yèn wus nrima dados [dado...]

--- 129 ---

[...s] watu | sirna sagung pirêmbag | tanpa damêl ngupados ngèlmu kang luhung | amrih kamulyaning seda | ngandika malih sang aji ||

36. ciptèngsun mulih mring kerat | munggah swarga seba Hyang Maha Luwih | kerat lan suwarga iku | sampun paduka bêkta | wus mutamat ing paglar sêbutanipun | inggih jagading manusa | mêngku ngalam sahir kabir ||

37. duk Tapêl Adam wus pêpak | kerat nraka suwarga aras kursi | kerat pundi kang jinujug | mênèk tambah kêsasar | êngko gone kerat mlarat têgêsipun | ing sagèn-gèn wontên kerat | yèn kenging kula singkiri ||

38. mantuk dhatêng kamlaratan | tuwin minggah rad adiling nagari | lêpat-lêpat jawabipun | pêsthi tampi ukuman | ngangge rante nyanggi karya pêksan iku | mêlarat tan tampi arta | mlêbêt kerat Nungsa Srênggi ||

39. têgêse nungsa manungsa | srênggi iku karya awrat nglangkungi | inggih gawe têgêsipun | janma pinêksa karya |

--- 130 ---

marang Ratu Nungsa Srênggi aranipun | gêsang cilaka nèng dunya | mlêbêt kerat Nungsa Srênggi ||

40. tanpa ulam sambêl jangan | niku kerat kang katon tata lair | dene kerate wong lampus | langkung saking punika | malarate mila lamun kenging sampun | paduka kondur mring kerat | lan sampun minggah suwargi ||

41. têtêp paduka kêsasar | wong cilaka lamun munggah suwargi | kêbo bongkang jaran sênuk | purun minggah suwarga | dèn inggahi nêdha kalawan maluku | nrima nami rajakaya | turu akêmulan siti ||

42. kang sami minggah suwarga | suwargane tinêdha dèn krikiti | niku paduka dèn emut | sampun minggah suwarga | bokmanawi benjang seda janma lêmbu | cilaka gêsang nèng dunya | lan sampun sowan Hyang Widhi ||

43. tan aran gon tanpa prênah | tanpa wujud tan kôntha gotragatra. warni | namung asma wujudipun | pinuji sipat gêsang | wontên dunya wontên kerat tansah nglimput |

--- 131 ---

dèrèng têpang dèrèng wikan | dalême Hyang Maha Suci ||

44. têpange mung têpang cahya | lir cahyaning lintang surya lan sasi | patêmoning cahya murub | jumbuh dados satunggal | botên pisah lan utawi botên kumpul | têbihe tanpa wangênan | cêlak tan panggih-pinanggih ||

45. tan kenging paduka gampang | tan kuwawi kawula cêlak Gusti | masthi gêsêng dados awu | sampun malih paduka | kawawaa cêlak dhumatêng Hyang Agung | panjênêngan Nabi Musa | ingakên kalaming Widhi ||

46. acêlak datan kuwawa | aningali dhatêng Hyang Maha Luwih | kantaka satêngah lampus | milane niku ngilang | amung date kang nglimput sakèhing wujud | sampun ngantos tiningalan | paduka wiji roh janmi ||

47. dede bôngsa malaekat | asal agni iku cêlak Hyang Widhi | yèn manusa raganipun | sing nutpah manut sêpah | budi suksma roh mulya saking Hyang

--- 132 ---

Agung | winênang bawa pribadya | tanpa damêl bola-bali ||

48. sowan Hyang Lata wal Ngujya | winênangkên cangkok nagri pribadi | yèn praja kongsi wus sêpuh | anyuwun kongsi praja | dados têrus botên mawi wongsal-wangsul | urip pisan mati pisan | ngandika malih sang aji ||

49. dene lumrahing manusa | padha melik ganjaran kerat benjing | munggah mring suwarga agung | Sabdapalon turira | tiyang limrah sami kalih netranipun | dados blero keblatira | pamawasira kêkalih ||

50. puniku mata sarengat | nyaring nimbang kang bênêr lan kang sisip | awon lawan pênêtipun | kang kangge kabatinan | aningali dat sipatira Hyang Agung | mata batin mung satunggal | keblat lor lêrês sawiji ||

51. matane Ki Lurah Sêmar | mata pandom keblat lor lêrês siji | datan samar wujudipun | sadayaning pangucap | mawas ngulon sun pêgat wetan pinangguh | datan samar [sa...]

--- 133 ---

[...mar] wujudira | puniku kang samar lami ||

52. kapriye ing bênêrira | sêsêbutan kang aran urip mati | Ki Sabdapalon umatur | sarêng tumindakira | ingkang urip lêpase langgêng lumaku | urip iku têgêsira | mashur langgêng datan gingsir ||

53. ana kang mati raganya | kang ngraoskên kanikmatan yèn enjing | sirna pêjah lawan lampus | puniku têgêsira | sida sadat mêpêt jajahane muput | gantos roh lapi lapisan | mila wong agami Budi ||

54. yèn raganira wus tuwa | suksmanira mêtua tubuh brêsih | raga têladha Hyang Agung | kang risak dèn aturna | wangsul malih dhatêng pundi asalipun | sampun kalintu ing prênah | mantuke asale lami ||

55. anyuwun gantya panganggya | kang prayogi ngungkulana kang lami | gêntos roh ilapi bagus | pêjah nutpah wong mulya | sampun obah saking têngah jagadipun | apan jagading manusa | langgêng nora owah gingsir ||

56. kang owah [o...]

--- 134 ---

[...wah] makaming rasa | raga wadhag kang asal roh ilapi | Brawijaya Sang Aprabu | datan nèm datan tuwa | langgêng mulya anèng têngah jagadipun | lumampah tan mawi obah | saking prênah gène lami ||

57. wontên guwa siring cipta | wus kagawa siring cipta kang êning | lah gawanên gêgawanmu | gêgawa minta raga | tulis ilang etungên gunggunging kumpul | plas late jare wutuha | miyat jantung kêtêk kering ||

58. surup marga siring cipta | jujugira kang cêtha cithak cêthik | niki pungkasaning kawruh | kawruhira wong Buda | lêbêting roh saking cêthak marganipun | wontên cêthik kèndêlira | mêdal margi kalam wadi ||

59. kentiring sagara rahmad | manjing jêro guwa sêlaning èstri | tumiba ing nikmat laut | kang dhasar bumi rohmad | wontên ngriku Ki Budi yasa kêdhatun | bètullah raga kang mulya | saking sabda kun dumadi ||

60. dados wontên têngah jagad | jroning swarganira wong sêpuh èstri | mila janma keblatipun |

--- 135 ---

ing têngah jagadira | jagading wong ing guwa sir ciptanipun | ginawa saparanira | langgêng botên owah gingsir ||

61. pêpêsthèn umuring janma | wus pinasthi tan kêna owah gingsir | wus tinulis lokil makpul | bêgja cilakanira | manut dhatêng budi nalar kawruhipun | kang kirang ihtiyarira | suda kabêgjaning urip ||

62. purwa na keblat sakawan | wetan kulon kidul lor kang mungkasi | wetan wiwitan sun jujug | kulon bapa kêlonan | aran kidul gothaga singgrong dinudul | pêtênga ana ing têngah | lor lairnya jabang bayi ||

63. tanggal pisan wus purnama | sêntèk pisan tênunan anigasi | êpur niku nama jumbuh | na wujud têgêsira | darma madhêp-madhêp marang uripipun | jumbuh pêpak sarwa ana | mêngku ngalam sahir kabir ||

64. apan tanggaling manusa | lairira saking wong sêpuh èstri | sarêng tanggal dintênipun | kalawan kadangira | kakang barêp adhine waragilwuragil. iku |

--- 136 ---

kakang barêp iku kawah | adhine ragil ri-ari ||

65. sêntèk pisan wus purnama | pamisahe bayi lan ari-ari | yogya kinawruhan iku | kadang kang barêng tanggal | ghaipira rumêksa ing uripipun | puniku pituturira | Rahadèn Budi sung kardi ||

66. pelinge pan janma surya | lênggah rupa cahya pêlawanganing | dèn eling sadayanipun | dalu lan siyangira | sampun samar sakèhing rêrupan iku | sampun mawi atêtanya | lan malih pelinging sasi ||

67. lênggah bumi rahmad mulya | lampahira manut sêrênging ati | iku dèn eling sadarum | surup lan tanggalira | sampun samar biyèn saniki lan besuk | niku kawruhe wong Buda | Jawi kang agama Budi ||

68. raga ngibarate palwa | suksma tiyang ingkang ngadêg upami | pandom budi tuduh kawruh | lamun palwa lumampah | salah pandom wus masthi cilakanipun | palwa pêcah tiyang rêbah | isi palwa morat-marit ||

--- 137 ---

69. milane prayogi mapan | mupung gêsang palwa misih lumaris | yèn tan mapan gêsangipun | pêjah malih sagêda | anêtêpi aran kamanungsanipun | baita raga wus bubrah | suksmane pisah lan budi ||

70. niku ingaran sahadat | pisahira kawula lawan Gusti | pisah êsah têgêsipun | êdat niku dating Hyang | yèn wus pisah raga suksma budinipun | sayogya santun bètullah | pandome ginawa ngalih ||

71. napas tali muji mring Hyang | yèn pisaha raga suksma lan budi | mêrtitis kang êmbuh-êmbuh | yèn tinggala kasasar | botên surup tan tanggal salamènipun | niku dèn cêtha waspada | kawruh jaya sampurna di ||

72. apan araling kawula | wajib wênang aturan marang gusti | yasa bèt anyar kang bagus | nglangkungi ingkang lama | raganing wong baitullah namanipun | prau gaweaning Allah | dadya sing sabda kun nênggih ||

73. yèn tiyanging palwa Jawa | sagêd mapan santun bètullah

--- 138 ---

malih | bètullah roh lapis baru | yèn tiyang palwa Islam | trima dlujur awor bangke prau rêmuk | gêsange santun pangrasa | tanpa nalar kawruh ngèlmi ||

74. puniku tiyang cilaka | botên sagêd karya sênênging ati | botên mangan nginum turu | mung tansah susah payah | têngga lêmah tan wontên wêkasanipun | suksma bodho têgêsira | kirang ihtiyaring urip ||

75. yèn suksma niku matia | ngalam dunya suwung tan wontên janmi | yèn janma urip puniku | dunya kêbak manusa | pan lumampah saking anom surup sêpuh | gantos roh lapi lapisan | sanadyan suksmaning janmi ||

76. yèn tekat nasar bêlasar | pan kêsasar benjing kalamun mati | pêsthi janma dados kuwuk | nadyan suksmaning kewan | lamun tekat sumêdya nêdya rahayu | mêntas saking kêmlaratan | sagêd nuksma dados janmi ||

77. mungêl kitab Purwakôndha | panjênêngan Bathara Wisnumurti | rikala [rika...]

--- 139 ---

[...la] jumênêng ratu | wontên mêndhang kasapta | sato wana tanapi sagung lêlêmbut | cinipta dadya manusa | kinarya wadya sang aji ||

78. lan malih kawula crita | tatkalane luhur paduka nguni | Sri Palasara amangun | karaton Gajahoya | ugi nyipta sato wana lan lêlêmbut | pininta dadya manusa | kinarya bala sang aji ||

79. mila anggane manusa | beda-beda tan wontên ingkang sami | mirip kewan gandanipun | paduka nyatakêna | karingête pasthi beda gandanipun | mèmpêr dhatêng bôngsa kewan | puniku tandhane yêkti ||

80. mungêl sêrat tapaking Hyang | Sastrajendra Yuningrat kang tinulis | dados saking sabda êkun | munggèng ragèngsun wuntat | aran jithok mung puji thok wujudipun | dewa gung kang karya badan | uripnya nyrambahi dhiri ||

81. incêngêne cêngêlira | jiling eling marang Hyang Maha Luwih | panakna ana ing punuk | timbangan salang malang | pundhak pandhuk [pa...]

--- 140 ---

[...ndhuk] dêlêngên petanganipun | urip saba ngalam dunya | ngupados kawruh lan kuldi ||

82. yèn angsal woh kuldi kathah | gêsang untung sugih dagangan daging | yèn angsal kathah woh kawruh | angsal sanguning gêsang | gêsang langgêng-langgêng kang tan kênèng lampus | têpak têpa-têpanira | likat walikaning urip ||

83. ula-ula ulatana | lah lalarên gigirira kang gligir | gêgêr ugêr-ugêripun | sungsungên sungsumira | aran lambung wêktu dewa nyambung umur | alame janma sambungan | lali eling urip mati ||

84. lêmpèng têngên lawan kiwa | ingkang lêmpêng tekate lair batin | wruha bênêr luputipun | bêcik kalawan ala | tingalana mata tata batin satu | ingkang bênêr keblatira | keblat lor lêrês sawiji ||

85. tang-etangên ingkang têrang | anèng dunya sadarmi ngangge dhiri | tan wruh ijab kabulipun | tan karya botên tumbas | aran kiwa raga niki wujudipun | isi hawa kêkarêpan |

--- 141 ---

tan wênang ngukuhi pati ||

86. bodhol badhongira suksma | jujugira kang cêtha cêthak-cêthik | yèn tan cêtha kawruhipun | mlêbu bokonging kongkang | buntut janma silit kodhok wastanipun | yèn tan cêtha kawruhira | surup janma saka prêcil ||

87. puniku ungêling sêrat | yèn paduka maibêna kang tulis | sintên karya badan iku | sintên kang paring aran | inggih namung Lata wal Ngujya dewa gung | yèn paduka maibêna | têtêp yèn paduka kapir ||

88. yèn paduka tan sagêda | maos sastraning Hyang kang munggèng dhiri | benjang seda dados kuwuk | samar gadhuhan raga | lamun sagêd maos sastraning Hyang Agung | tan samar gadhuhan raga | surup janma saking janmi ||

89. kasêbut sêrat Ambiya | panjênêngan Nabi Musa rumiyin | wong kang pêjah wontên kubur | puniku tangi gêsang | gêsangira gantos roh ilapi baru | agantos makaman enggal | kaume [kau...]

--- 142 ---

[...me] salah mangêrti ||

90. kinira janma kang modar | kang pinêndhêm jro siti gêsang malih | niku kalèntu ing kawruh | malih ingkang wus kocap | padha gêlar kasêbut ing buku-buku | alame janma sambungan | wong agung kang kirang budi ||

91. kang narik sasaring kathah | dipun walik imanipun ing benjing | ratu agung dados sêmut | nadyan wijiling kompra | lamun dados pangajêng arja rahayu | amulya nglangkungi raja | paduka wakiling Widhi ||

92. dèn gagah kêkah apanggah | anggagahi pikêkah adat luri | manawi paduka manut | agama Rasulullah | tiyang Jawi sayêkti Islam sadarum | pasthi sasar pêjahira | dados dhêmit têngga siti ||

93. angandika sri narendra | dene sira datan salin agami | makam kubur raga baru | Sabdapalon turira | ulun campur wadhag lawan alus ingsun | wus jumbuh dados sajuga | inggih nglêbêt inggih jawi ||

94. langkung sakajêng kawula | Ngadam wujud [wu...]

--- 143 ---

[...jud] sagêd sami saniki | lamun kula nêdya wujud | gih niki wujud kula | lamun Ngadam sapunika icalipun | sagêd murca padha ana | anane sami saniki ||

95. raga ulun sipating Hyang | pan sakojur darbe aran pribadi | suwawi paduka dumuk | paduka wastanana | ingkang pundi Sabdapalon wujudipun | anglela kalingan padhang | padhange wus tan kaèksi ||

96. wujude Ki Palonsabda | amung asma nglimput nrambahi dhiri | botên anom botên sêpuh | tan pêjah datan gêsang | gêsangira anglimput jro patinipun | patine nglimput jro gêsang | langgêng samar ing salami ||

97. angandika sri narendra | ana ngêndi Pangeran kang sajati | Ki Sabdapalon turipun | tan têbih datan cêlak | gih paduka tuladha wayanganipun | sipat wujude suksmana | ingakên sarira tunggil ||

98. inggih budi hawa badan | apan sarêng tumindakira kalih | botên pisah

--- 144 ---

botên kumpul | langkung karsa paduka | rèh paduka wus kasêbut ratu agung | môngsa ta kêkilapana | atur kawula puniki ||

99. kapan èngêt budinira | yêkti owah hawa karêping urip | badane ingkang lumaku | ing tata kalairan | angupados woh kuldi wawratanipun | baita raga bètullah | iyasane Kyai Budi ||

100. pintane Lata wal Ngujya | bab agami binage tri prakawis | woh wit budi kang rumuhun | woh kawruh kalihira | woh wit kuldi punika ping tiganipun | woh budi nama kèlingan | woh kawruh wigya mangêrti ||

101. woh wit kuldi iku pangan | yèn wong Jawa têdhane woh wit budi | wong Indi nêdha woh kawruh | woh kuldi tiyang Ngarab | trima sugih dagangan daging alêmu | sudhiyan pakaning rayap | kawruhe tan dados wiji ||

102. kang nêdha woh budi wrêksa | anyungkêmi agama Buda Budi | budi hawa sêbutipun | mangeran [mangera...]

--- 145 ---

[...n] kaelingan | matur dhewe mring dewa kang luwih agung | lakune amaratapa | acêgah dhahar lan guling ||

103. kang nêdha woh kawruh wrêksa | anyungkêmi agama Srana-Srani | nêbut Ngisa rohollahu | tangia rahsaning tyas | amangeran kawigyan lan kawruhipun | mung ngawur bêcik lan ala | kang bênêr lawan kang sisip ||

104. kang nêdha woh kuldi wrêksa | anyungkêmi agamane Jêng Nabi | Mukammad Rasulullahu | mangeran raganira | sêbutipun Mukhammad Rasulullahu | Mukhammad makam kuburan | kubure rasa woh kuldi ||

105. nuruti nikmating badan | lan lêmêsing prêji klimising lathi | mung sêpele untungipun | sugih daging dagangan | sudhiyaning rayap benjang lamun lampus | tan kenging yèn sinimpêna | jro guwa sir cipta lami ||

106. ingkang nêdha êronira | roning kawruh lawan êroning budi | Dikong Topèkkong sinêbut | mangeran ing brahala | nrima sugih gêlar

--- 146 ---

wang barang puniku | miturut pranatanira | Sang Ongte Cina Li Sim Bin ||

107. kang nêdha ron kuldi wrêksa | untung sangêt kasêbut raja sugih | rajakaya wastanipun | tan melik uwang barang | wus narima mangan nginum ngambus êmpluk | tan mikir mulyaning badan | sare kêmul tinja siti ||

108. yèn nêdha woh budi wrêksa | saking karna lêbêtira abukti | yèn nêdha woh kajêng kawruh | lêbête mêdal netra | woh wit kuldi lêbête mêdal ing tutuk | lah paduka nyatakêna | atur kawula puniki ||

109. angandika sri narendra | yèn mangkono sira pinasthi kapir | Ki Sabdapalon umatur | kula kapir punapa | wong nêtêpi agama bêtuwah luhur | kang têtêp kapir punika | purun tilar gami luri ||

110. nami jawan rib-iriban | botên nami Jawa Jawi mangêrti | mangêrti ing agal alus | atilar nami Jawa | yêkti owah wangun sarta tekatipun | yêkti apês gêsangira | agamane [aga...]

--- 147 ---

[...mane] kirang murni ||

111. angandika sri narendra | apa sira nora manut ing mami | Ki Sabdapalon umatur | manut yèn adat lama | lamun ngangge agama enggal tan manut | sababe paduka gantya | agami tan nantun mami ||

112. napa tuwan kakilapan | nama kula Ki Sabdapalon niki | têgêse sabda pamuwus | palon pikukuh kandhang | aran naya niku ulat têgêsipun | genggong langgêng datan owah | saucap kula puniki ||

113. kenging kinarya pikêkah | dados ulat pasêmon tanah Jawi | alanggêng salaminipun | sang prabu angandika | kaya priye rèhning ingsun wus kabanjur | sun ngrasuk agama Islam | sinêksenan mring Si Sahit ||

114. tan kêna mangsuli ujar | ingsun wirang ginuyu bumi langit | Ki Sabdapalon umatur | paduka lampahana | nalar niki kula botên tumut-tumut | yèn kawula ngêkahana | ngudur balung tanpa isi ||

9. Durma

1. Sunan [Su...]

--- 148 ---

[...nan] Kali matur marang sri narendra | pukulun sri bupati | pabên lawan rencang | tanpa damêl punika | mindhak ngribêti panggalih | paduka karsa | masuk agami nabi ||

2. Rasulullah sakalangkung suci mulya | katimbang lan sanèsing | manawi tyas uwas | tirta bèji punika | sun karya pratôndha yêkti | kawula sêbda | yèn toya sagêd wangi ||

3. tôndha lêrês agama Nabi Mukhammad | yèn botên sagêd wangi | lêrês gama Buda | toya tandya cinipta | dhatêng Kangjêng Sunan Kali | arum sakala | gônda amrik awangi ||

4. kangjêng sunan nulya matur mring sang nata | punika sri bupati | toya sampun ngambar | amrik arum gandanya | alêrês agama nabi | Jêng Rasulullah | Sabdapalon nambungi ||

5. dhuh pukulun puniku sri naranata | kasêktène pun Sahit | dèn pamèrkên mringwang | puniku barang napa | kasêktène rare alit | yèn nimbangana | sadaya dados [dado...]

--- 149 ---

[...s] bayi ||

6. satuhune kawula rêbat punapa | paduka klorop jangji | sakarsa paduka | rêmên agami liya | sanès agamaning luri | pan rêmbagira | melik agami nabi ||

7. datan rêmên amomong marang paduka | ratu gung cupêt budi | tyas wus tan kèngêtan | yèn siniku ing dewa | punika lêluhur Jawi | paduka nata | nglêluri bôngsa Ngarbi ||

8. tôndha ratu tan ngagêm netra sajuga | angagêm netra kalih | wus ngalapdho tekat | tinampik ing jawata | iku rusak kukum ngadil | kawula wirang | de ratu cupêt budi ||

9. tanpa damêl kawula akêkêrêngan | yèn kawula lawani | puniku sang nata | benjing sun karya tôndha | sun sabda sapisan niki | arus sadaya | sitine samya bacin ||

10. yèn paduka sang nata kirang pracaya | kasêbut sêrat Jawi | crita Manikmaya | kang karya kawah wedang | nginggile Mahmèru wukir | puniku amba | dhi guru mung nêksèni ||

--- 150 ---

11. waktu niku sitine ing tanah Jawa | sabên ri gonjang-ganjing | sing gênging dahana | kang nèng dhasar pratala | sadaya ulun êntuti | jêmblong sakala | dadya marganing gêni ||

12. nuli mantun goyange ing tanah Jawa | pucakira ing wukir | kang agêng sadaya | sami mêdal dahana | wontên tlawah tlaga ugi | mêdal sakala | goyangira kang wukir ||

13. lamun dèrèng paduka tobat mring dewa | jawah ing tanah Jawi | yêkti dipun suda | ing dalêm wolung dina | sêlangkung windu puniki | wus linênggahan | wangsul agama Budi ||

14. sri narendra miyarsa ing aturira | Sabdapalon mranani | kaduwung jroning tyas | dènnya agama Islam | kewran galihira aji | jêtung tan ngucap | wusana ngandika ris ||

15. mula ingsun angrasuk agama Islam | critane yayi dèwi | Raja Putri Cêmpa | kabèh umat Mukhammad | swargane ngungkuli kapir | benjang yèn laya | nugrahaning [nugraha...]

--- 151 ---

[...ning] Hyang Widhi ||

16. yèn paduka anurut marang wanodya | kathah ratyagung nguni | dèn ukum Hyang Suksma | Nabi Adam Suleman | lan nguni sri narapati | Sri Anglingdarma | Pandhita Balhum nguni ||

17. sami nurut mring rêmbugirèng wanodya | siniku ing Hyang Widhi | Mukhamad carita | lamun kakung nuruta | ujare janma pawèstri | mêsthi cilaka | tangèh manggih basuki ||

18. sabab èstri niku uwong aranira | nglowong mung darma dadi | wadhah aranira | èstri datan mênanga | amurwani mring agami | paduka nata | melik ganjaran benjing ||

19. ing akerat niku gène tiyang mlarat | tan wontên têgil sabin | datan wontên sawah | ngêntosi dintên ngarsa | sampun kalajêng nèng wingking | benjing punapa | paduka gêntos malih ||

20. windu nênêmpapat. taun wolu wulan rolas | dintên pitu tan luwih | pêkênane gangsal | pranata môngsa rolas | jam rolas wangsul satunggil |

--- 152 ---

wuku tri dasa | klênggahan sabên ari ||

21. lêpat mangke ing benjang yêkti yèn lêpat | putra wayah prasami | datan wurung risak | samya susah sadaya | agamane kirang murni | rêmên paduka | nurut mring rare alit ||

22. nami Jawa dede Jawa Jawi ngrêtya | Jawa mangirib-irib | têtêp aran jawan | sanès Jawa sanyata | iku ratu cupêt budi | datan wurunga | cinirèn ing dewadi ||

23. bedanira kang kapir kalawan Islam | sipat priya lan kapir | kalamun wanodya | yêkti iku kupura | de sipat priyèku kapir | iku têgêsnya | kang sipat kalih dèsi ||

24. êrong êlèng puniku ing têgêsira | yèn puluh iku pulih | sabên rêsmèn Buda | Sêlam anêsêl alam | èstri tan kawon lan kapir | tan nêdya pura | Islam Buda lan kapir ||

25. Sri Narendra Brawijaya gya graita | bedanya Islam kapir | sipat kalih dasa | puniku têgêsira | anjêtung dangu

--- 153 ---

tan angling | anglês jroning tyas | rumaos lamun sisip ||

26. gènnya karsa malêbêt agami Islam | tilar agama Budi | tan arsa ngandika | dhatêng abdi pusaka | wusana mupus ing takdir | Ki Palonsabda | sêndhu matur mring aji ||

27. niku tôndha yèn ratu kurang kupiya | mupus yèn sampun takdir | ratu kaya bocah | mupus wus takdirulah | tôndha ratu cupêt budi | pan wus dilalah | takdir kang dèn sungkêmi ||

28. takdir lair apan kang dèrèng dhumawah | wajib dèn ihtiyari | sadèrèng dhumawah | ngupaya budidaya | puniku wajibing urip | yèn wong waskitha | mungkur barang kang sipil ||

10. Pangkur

1. takdir lair kabatinan | niku sarêng tumindakira kalih | lamun lêpat lairipun | takdir batine lêpat | lêrês batin takdire lair arja yu | takdir kang dèrèng dhumawah | wajib yèn dèn ihtiyari ||

2. takdir kang sampun dhumawah | rare alit niku sagêd mastani | yèn wus takdire

--- 154 ---

Hyang Agung | niku pabêning bocah | mung paduka ratu agung guru uyuh | tan wirang ginuywèng jagad | tôndha ratu kurang budi ||

3. mingsilkên mêndhêt têtêpa | crita kuna buku sabrang lan Jawi | tan wontên kuciwanipun | ing jaman kuna-kuna | lir paduka ratyagung gêguru uyuh | ran walik buwana sungsang | dinukan marang dewadi ||

4. pinundhut kraton paduka | sabab lêpat tilar agami luri | kang pinundhi para luhur | luhur Jawi sadaya | lan ingêmbun marang ing janma sawêgung | tuwan dede bôngsa Ngarab | mêmule luri Ngarabi ||

5. luhur paduka sadaya | kang wus surut tan wontên paring idi | nurut garwa guru uyuh | narik sasar mring kathah | dipun ukum paduka dhatêng Hyang Agung | putra nata ngandhap-ngandhap | ngrêbat praja amrih pati ||

6. punika dêdukaning Hyang | kang dhumawah paduka ing samangkin | sang prabu dupi angrungu | ature Palonsabda | anglês ing tyas muwun sajêroning kalbu | kaduwung kang sampun [sampu...]

--- 155 ---

[...n] klakyan | wusana ngandika aris ||

7. tan wus yèn sira tutuha | balik mêngko sira kang ingsun tari | kang dadi kêkêncêngamu | sarta bênêranira | rèhning uwis kêbanjur ngandikaningsun | sun masuk agama Islam | sinaksenan mring Si Sahit ||

8. tan kêna mangsuli sabda | ingsun wirang ginuyu bumi langit | Ki Sabdapalon umatur | paduka lampahana | ulun pamit kesah ing sapurug-purug | sri narendra angandika | sira arsa marang ngêndi ||

9. Sabdapalon aturira | datan kesah tan manggèn wontên ngriki | mung nêtêpi nama ulun | nami Ki Lurah Sêmar | ulun nglimput salire kang samar wujud | anglela kalingan padhang | dèn èngêt sang nata benjing ||

10. yèn wontên manusa Jawa | Jawa Jawi mangêrti mata siji | nami sêpuh gaman kawruh | niku momongan kula | tiyang Jawan sun wêruhkên bênêr luput | sigra têdhak sri narendra | arsa ngrangkul dèn inggati ||

11. Palonsabda [Palo...]

--- 156 ---

[...nsabda] Genggongnaya | nulya musna kadung sri narapati | saklangkung pangungunipun | sarya anênggak waspa | angandika hèh ta Sahit wruhanamu | besuk nagri Balambangan | aran nagri Banyuwangi ||

12. yaiku têngêranira | Nayagenggong bali mring tanah Jawi | anggawa momonganipun | mata siji kang wignya | Sabdapalon maksih anèng sabrang nglimput | têngêrana iki sêndhang | yèn banyune mari wangi ||

13. wong Jawa ganti agama | padha tinggal agama Islam benjing | asalin agama kawruh | Sunan Kali turira | yèn makatên utaminipun pukulun | kawula prayogi bêkta | kang tirta arum puniki ||

14. kawula damêl pratôndha | lamun toya gandane langgêng wangi | alanggêng agami Rasul | kangge nèng tanah Jawa | lamun ical gandane kang amrik arum | lêrês dhawuh padukendra | ing benjang santun agami ||

15. angandika sri narendra | akaryaa bumbung pring Jawa kalih | sira [si...]

--- 157 ---

[...ra] isènana banyu | kang siji banyu tawa | pan karyanên sangu yèn ngêlak nèng dlanggung | ingkang siji isènana | kang tirta arum puniki ||

16. Sunan Kali sigra karya | bumbung kalih pring Jawa kang wus garing | sigra ingisenan banyu | kang siji banyu tawa | ingkang siji ingisenan banyu arum | sinumpêt pêpêt kang wadhah | tinutup ron pandhansili ||

17. sabat kalih kinèn bêkta | siji sabat anggawa bumbung siji | sigra sarêng tindakipun | saking gèn sêndhang wangya | sri narendra ingkang tindak anèng ngayun | Sunan Kali munggèng têngah | sakabat kalih kang ngiring ||

18. kêdalon wontên ing marga | Sumbêrwaru ngriku nyare saratri | enjing binuka kang bumbung | ginônda gandanira | datan owah kadya wau taksih arum | lajêng tindaknya sang nata | arêmbên dènnya lumaris ||

19. surup prapta Panarukan | sri narendra nyare ngriku sawêngi | enjing binuka kang bumbung | ginônda gandanira | datan owah gandane [ganda...]

--- 158 ---

[...ne] kadya rumuhun | lajêng tindaknya sang nata | surup prapta ing Basuki ||

20. nyare sadalu sang nata | sarêng enjing toya pinriksa malih | ginônda kang toya arum | malah tambah angambar | sigra lajêng tindakira sang aprabu | surup prapta Prabalingga | nyare sadalu sang aji ||

21. enjinge toya kapriksa | bumbung toya tawa pinriksa dhingin | datan owah gandanipun | tanapi raosira | nanging muruh gandane kang umpluk arum | nging kanang toya mèh têlas | inginum samargi-margi ||

22. kang toya arum kapriksa | dipun gônda gandane bangêr bacin | aor onta raosipun | toya nulya binuwang | sri narendra angandika manis arum | hèh ta Sahit wruhanira | nagri Prabalingga benjing ||

23. loro araning nagara | iya Purbalingga ya Bangêrwarih | ing kene ênggone besuk | kêkumpulaning bôngsa | ing ngêndia gènira marsudi [mar...]

--- 159 ---

[...sudi] kawruh | kawignyan ing kalairan | dènira marsudi budi ||

24. dènnya ajar dadi Jawa | Jawa Jawi mangêrti mata siji | yèn wus siji matanipun | padha eling agama | Buda Budi amangan uwohing kawruh | têgêse ran Purbalingga | prabawanira wong Jawi ||

25. kalingan prabawèng tôngga | sarak Rasul kanggo wong tanah Jawi | amung patang atus taun | patang karaton Jawa | dungkap lima karaton agama santun | agama kawruh kang kanggya | pratôndha gandaning warih ||

26. arume mung patang dina | dungkap limang dina gandane bacin | wus pinasthi ing Hyang Agung | tyas ingsun manut tôngga | dhêmên manut-manut bôngsa sanèsipun | agama miturut Ngarab | tan tunggal agama Budi ||

27. lajêng tindaknya sang nata | sapta ari prapta ing Ngampèlgadhing | Nyai Agêng Ngampèl mêthuk | sumungkêm ngaras pada | sarwi muwun kathah-kathah sambatipun | sri narendra angandika | wus mênênga anak mami ||

28. mupusa [mu...]

--- 160 ---

[...pusa] wus karsaning Hyang | sira ingsun urip darma nglakoni | wus tinulis lokilmakpul | bêgja cilakanira | datan kêna suminggah karsèng Hyang Agung | nging wajib manungsa gêsang | isarat brôngta mring ngèlmi ||

11. Asmaradana

1. Nyai Agêng Ngampèlgadhing | matur marang sri narendra | ngaturakên saature | kang putra Sultan Bintara | kadya kasêbut ngarsa | angandika sang aprabu | lah ta sira timbalana ||

2. Si Patah mring ngarsa mami | nyai agêng karya surat | wus lumampah carakane | wus prapta nagari Dêmak | enggale kang carita | surat wus katur sang prabu | winaos sinuksmèng driya ||

3. sigra ondhang sri bupati | budhal marang Ngampèldênta | ya ta gênti winiraos | Rahadèn Bondhankajawan | ing Tarup myarsa warta | yèn nagari Majalangu | binêdhah Dipati Dêmak ||

4. kang rama sri narapati | lolos saking jroning pura | datan kantênan puruge | saklangkung rudahing driya |

--- 161 ---

Radèn Bondhankêjawan | sigra marang Majalangu | lumampah anamur raga ||

5. sapraptaning Majapait | nora cidra kang pawarta | ing Majapait bêdhahe | ngupaya warta tan angsal | dununge ingkang rama | sigra lajêng lampahipun | marang nagri Surabaya ||

6. sapraptaning Surawèsthi | Rahadèn Bondhankêjawan | amiyarsa pawartane | kang rama sri naranata | wontên ing Ngampèldênta | ananging sarawuhipun | ing Ngampèl anandhang gêrah ||

7. sigra sowan saos bêkti | kang rama alon ngandika | sapa ngabêkti maring ngong | kang putra matur wotsêkar | ulun putra paduka | Bondhankêjawan ing Tarub | rinangkul lungayanira ||

8. malah sangsaya ngranuhi | gêrahira sri narendra | wus ngraos praptèng takdire | ing pupute yuswanira | alon dènnya ngandika | hèh ta Sahit wruhanamu | sun arsa praptèng antaka ||

9. sira akaryaa tulis | mring Pêngging lan Panaraga |

--- 162 ---

dèn age sun tandhanane | narimaa wus karsèng Hyang | rusake Majalêngka | ywa ngrêbut kaprabon ingsun | aprang karya rudahing rat ||

10. ngemana rusaking dasih | sebaa marang ing Dêmak | dirukun sapungkur ingong | sapa awit ati ala | sun pinta ing Hyang Suksma | apêsa ing yudanipun | Sunan Kali aglis nurat ||

11. wus dadya dipun tandhani | tapak asta sri narendra | wus lumampah carakane | sri narendra angandika | Sahit sapungkur ingwang | dibisa momong sirèku | marang anak putuningwang ||

12. ingsun titip bocah iki | saturune sira monga | manawa ana bêgjane | iku kang nurunkên benjang | lajêre tanah Jawa | lawan malih wêkas ingsun | yèn ingsun praptèng antaka ||

13. sarèkna nèng Majapait | salorwetaning Sêgaran | aranana kubur ingong | ing astana Sastrawulan | lan sira suwurêna | kang sumare anèng ngriku | yayi Rajaputri [Ra...]

--- 163 ---

[...japutri] Cêmpa ||

14. lawan malih wêkas mami | anak putuningsun benjang | ywa kawin liya jinise | aja gawe senapatya | ing prang kang seje bôngsa | Jêng Sunan Kali umatur | punapa paduka nata ||

15. botên paring dhawuh idi | ing putra paduka nata | Sultan Dêmak jumênênge | narendra ing tanah Jawa | sang prabu angandika | iya sun idèni iku | kandhêg têlung panjênêngan ||

16. umatur Jêng Sunan Kali | dhuh pukulun sri narendra | ulun nyuwun pangrêtose | têgêsipun Sastrawulan | sang nata angandika | sastra tulis têgêsipun | wulan iku damar jagad ||

17. tulisira kubur mami | pan namung gêbyaring wulan | yèn isih ana gêbyare | ing wulan dina ing wuntat | wong Jawa padha wikan | lamun Islam sedaningsun | mulane sun kon nyuwurna ||

18. astanane yayi dèwi | sang rajaputri ing Cêmpa | ingsun wus dèn wadonake | Si Patah tan [ta...]

--- 164 ---

[...n] nganggêp priya | yèn ngrasa duwe bapa | lanang dadi ratu agung | tan mêngkene siyanira ||

19. mulane ingsun wangêni | turun têlu idiningwang | Si Patah têlu jinise | Jawa Cina lan rasêksa | mula kolu mring bapa | arusuh ing tekatipun | marmane ingsun pitungkas ||

20. aja kawin liya jinis | ing sajroning sih-sinihan | anggingsirake tekate | angapêske uripira | lan malih sun mêmêkas | aja liya bangsanipun | gawe senapatining prang ||

21. ngènthèngake sihing gusti | ing sajroning mangun yuda | amaro tingal ciptane | wus têlas pitungkas ingwang | pacakên anèng surat | wusnya têlas dhawuhipun | asta sidhakêp priyôngga ||

22. wus surut sri narapati | samya mituhu parentah | ing Majalêngka sinare | ing astana Sastrawulan | katêlah praptèng mangkya | kang mashur sumare ngriku | sang rajaputri ing Cêmpa ||

23. dene putri Cêmpa yêkti |

--- 165 ---

sedane ana ing Tuban | Karangkumuning sinare | ingkang anèng Majalêngka | iku astananira | Ratu Agung Majalangu | Mahaprabu Brawijaya ||

24. watara ing tigang ari | praptane Sultan Bintara | pinanggih lawan ibune | Nyi Agêng Ngampèl ngandika | anggèr wus bêgjanira | nora mênangi ramamu | tan kongsi ngabêkti sira ||

25. durung kongsi nyuwun idi | têtêpmu jumênêng nata | lawan nyuwun ngapurane | kabèh kaluputanira | kang uwis kêlampahan | Sultan Dêmak aturipun | napa malih winicara ||

26. sawusira tigang ari | nulya kondur kangjêng sultan | sarêng lawan Sunan Lèpèn | ing marga tan winursita | prapta nagari Dêmak | laju ngadhaton sang prabu | ya ta gênti cinarita ||

27. Andayaningrat ing Pêngging | lan Dipati Panaraga | sira Sang Bathara Katong | sampun amiyarsa warta | Adipati Bintara | bêdhah nagri Majalangu | sinamun sowan riyaya ||

28. kang rama [ra...]

--- 166 ---

[...ma] sri narapati | lolos saking jroning pura | datan kantênan puruge | saklangkung bramantyanira | sigra ngundhangi wadya | sakapraboning prang pupuh | sumêdya rêrêmponing prang ||

29. amukul Dêmak nagari | labuh bapa ngrêbut praja | wus rumanti prajurite | kasaru ing praptanira | duta mundhi nawala | tinampan binuka sampun | winaos sinuksmèng driya ||

30. kang sêrat dipun sungkêmi | karuna sru drês kang waspa | jêtung gêrêng-gêrêng gèdhèg | kêrot-kêrot wajanira | muka jêrbabakmêrbabak. abang | ngandika nyupata asru | aja awèt gêsang ingwang ||

31. mundhak andêdawa isin | sun seba marang ing Dêmak | adipati kalih mogok | datan seba marang Dêmak | tan arsa magut ing prang | saking putêking tyasipun | agêrah lajêng palastra ||

32. dene kaole kang gaip | sedane Andayaningrat | kalawan Bathara Katong | tinunggil ing Giri Sunan | aja ngrubêti [ngru...]

--- 167 ---

[...bêti] wuntat | panjênêngan Dêmak Prabu | karia manising rasa ||

12. Dhandhanggula

1. marma crita nagri Majapait | nora timbang ing gêdhene praja | lan ambane jajahane | rinupak critanipun | sabab buka wadining aji | putra prang mungsuh bapa | iku crita saru | inganggit para pujôngga | anyêmoni bêdhahira Majapait | pinacak layang babad ||

2. margi saking kramate pra wali | kêrisira Sunan Giripura | tinarik mêtu tawone | ngantup wong Majalangu | Sunan Cêrbon badhonge mijil | tikus yutan awêndran | amangani sangu | miwah bêkakas turôngga | bubar giris wong Majalêngka ningali | tikus malêksa-lêksa ||

3. pêthi saking Palembang nagari | dipun bukak nèng madyèng paprangan | jumêglug mêtu dhêmite | nêluh wong Majalangu | bubar giris dèn têluh dhêmit | Sang Prabu Brawijaya | mengkrad sedanipun | iku pasêmon sadaya | sayêktine [sayêkti...]

--- 168 ---

[...ne] bêdhahira Majapait | kadya caritèng ngarsa ||

4. Majalêngka iku wujud nagri | dudu barang ingkang kêna rusak | mundhak dèn krikiti bae | lan malih lumrahipun | tawon bubar dèn môngsa janmi | wanangkêr kèh dhêmitnya | rusake ginêmpur | mring wadya kang mamrih boga | amung lagya caritane Majapait | praja gung bêdhahira ||

5. marga tawon tikus tuwin dhêmit | iku tôndha yèn caritanira | pralambang pasêmon kabèh | sapa pracaya iku | tôndha janma utêke isi | tlethong sapi maesa | yèn janma satuhu | kang simpên utêk martega | tan pracaya nalar anèh elok gaip | tan gathuk lawan nalar ||

6. nora cocog nalar lair batin | iku tôndha yèn carita dora | têtêp mung pasêmon bae | yèn tinulis satuhu | caritane ing Majapait | buka wadining raja | pujangga tan ayun | mula nyêmoni kewala |

--- 169 ---

mralambangi pralambang pasêmon têbih | mangkene têgêsira ||

7. tikus iku watak krikit ngrikit | lama-lama yèn dèn umbar ngrêda | pamangane ngêntèk-tèkke | para ngulama Ngarbun | praptanira ing tanah Jawi | amung badan sêpata | asowan sang prabu | anyênyuwun panguripan | dèn paringi wusing lêmu kang maringi | panguripan rinusak ||

8. tawon iku gawa rasa manis | gêgamane anèng silit gonnya | tala gawog paturone | puniku sêmonipun | rata awon wong sabrang iki | mung manis rêmbug ngarsa | ngêntup saking pungkur | mêntala angrusak praja | Majalêngka ratu ingkang ngurip-urip | eram gawok kang myarsa ||

9. dene dhêmit dèn wadhahi pêthi | saking Plembang binuka ing rana | jumêglug mêtu dhêmite | têgêse Plembang iku | mlembang ngalih gênti agami | pêthi puniku wadhah | simpênên dèn brukut | dhêmit iku makna samar | tukang nêluh bêdhahira [bêdhah...]

--- 170 ---

[...ira] Majapait | dèn têluh primpên samar ||

10. nora ana wicara kawijil | samudana sowan wêktu bakda | apan ta kinagètake | têmah para nung-anung | Majalêngka tan yitnèng wèsthi | tan kongsi asudhiya | mapaging prang pupuh | Dipati Têrung nagara | wus biyantu lan raka Dêmak Dipati | ambêdhah Majalêngka ||

11. byantu ngrayah nagri Majapait | layang-layang bêtuwah karajan | sarak Buda pikukuhe | ingobongan sadarum | dimèn sirna agama Budi | supadya mituhua | marang sarak Rasul | iku critane kang nyata | bêdhahira ing Majalêngka nagari | timbangên mingsil nalar ||

12. nora ana crita dhingin-dhingin | praja gêdhe kadya Majalêngka | mung dèn tup tawon bêdhahe | lan dèn krikiti tikus | bubar marga dèn têluh dhêmit | bêdhahe Majalêngka | apan ta misuwur | jumêgur ngluwihi gêlap | suwarane warata satanah Indi | wong Islam watakira ||

13. kaya tawon [tawo...]

--- 171 ---

[...n] tikus tuwin dhêmit | nora wêruh bêcikaning raja | asikara tanpa wite | awit wêktu puniku | para sunan sêbutan wali | wali iku walikan | kêkarêpanipun | mawas kulon milih wetan | mulanira binêcikan angalani | mring Ratu Majalêngka ||

14. wali wolu sanga kang tinari | dèn mêmule mring sagung wong Jawa | ujar puniku karêpe | têgêse wali wolu | sunan wolu balela balik | sanga Rahadèn Patah | tinari ing kewuh | ingangkat jumênêng nata | sarta ngrusak karaton ing Majapait | mungsuh bapa lan raja ||

15. jarwanira sunan iku budi | awitira kawruh kaelingan | ala bêcik sasamane | yèn akèh uwohipun | budi ngrêti kèlingan bêcik | wajib yèn sinuwunan | ngèlmu kawruhipun | yèn awoh krenah pitênah | kadya sunan ingkang ngrangkêp nama wali | angrusak sarakira ||

16. wajibira wong kang dèn bêciki |

--- 172 ---

sayêktine malês kabêcikan | katêlah prapta samangke | Krèstên agama Ngarbun | watak lamis drêmis alamis | yèn sinaru awatnya | pangêntupipangêntuping. tênung | yèn wus modar linuruban | mujur ngalor dèn têluh sêmbahyang talkim | melik slawat tri uwang ||

17. karanipun dèn aluri-luri | bôndha uyah mêsthi mulih toya | wong Jawa sirna antêpe | marang agamanipun | padha salin agama Srani | ngancik ing tanah Jawa | toh barang lan umur | jêjêg adil nora siya | ala nganggur sun titèni karo guling | gantinira agama ||

18. pituture Dyan Budi sung warti | sadurunge bêdhah Majalêngka | kontul tanah Jawa kabèh | kucire durung thukul | sabêdhahe ing Majapait | kraton ngalih mring Dêmak | ganti sarak Rasul | kontul ing dunya kuciran | kombang kêbo tyasira têlas binukti | ciplès tuma andhapan ||

19. têgêsira kêbo raja sugih | kombang [ko...]

--- 173 ---

[...mbang] iku mênêng tanpa ngucap | agêrêng-gêrêng swarane | punika sêmonipun | Brawijaya ing Majapait | têlas raosing driya | mungsuh lawan sunu | anggêrêng tan lawan ing prang | dewa luwih aparing pasêmon gaip | kombang atine têlas ||

20. dipun môngsa ing tumaning kijir | tuma mau têgêsira tuman | andhapan kawining cèlèng | Radyan Patah puniku | praptanira ing Majapait | sumungkêm ngaras pada | mring rama sang prabu | kang rama gya paring manah | dipun angkat nèng Dêmak nama dipati | wusana makan manah ||

21. mukul pêrang angrêbut nagari | tinggal tata tan lawan panantang | anganggo tataning cèlèng | tan ngetung bênêr luput | nêlasakên galih sang aji | puniku sêmonira | tuma mangan kalbu | têgêsira tuma tuman | kalbu ati têlas galihe sang aji | dèn môngsa putra ngandhap ||

22. dene ana kontul dikuciri | pasêmone iku Sultan Dêmak |

--- 174 ---

cumêri-cêri sêngite | mring Ratu Majalangu | sabab Buda agama kapir | tan tolèh kaluputan | Allah paring sêmu | githok kontul kinuciran | têgêsira tolèhên luputmu kaki | ibumu putri Cina ||

23. nora kêna tyas cumêri sêngit | liya bôngsa kang seje agama | wus pinasthi dhewe-dhewe | amung bênêr lan luput | Gusti Allah kang dèn adili | mila paring pratôndha | sêmon dukanipun | githok kontul kinuciran | têgêsira tolèhên luputmu kaki | dosa gêng tri prakara ||

24. nuduhake wiji datan murni | seje bôngsa kang seje agama | mulane rusuh tekate | purwane wiji ratu | Brawijaya ing Majapait | ratu gung binathara | mula gêng tyasipun | amelik jumênêng nata | mula soso melik enggal luhur sugih | kêtarik ibu Cina ||

25. mula kêndêl tanpa dugi-dugi | ngrêbut praja tan mawi pranata | Arya Damar [Da...]

--- 175 ---

[...mar] campurane | Sang Arya Damar iku | ibunira putri rasêksi | sênêng yèn ngokop darah | siya ambêgipun | mulane gêthing wong Buda | pan kêtarik agama miturut Ngarbi | gêthing wong gama Buda ||

26. yèn murnia wijine wong kalih | seje bôngsa kang seje agama | pan nora ana lumrahe | anak mungsuh wong sêpuh | mukul pêrang ngrêbut nagari | tan tolèh kaluputan | mungsuh bapa ratu | nora lawan dipun siya | amung sabab tan arsa salin agami | iku dudu prakara ||

27. pangrasane mung agama Ngarbi | ingkang bênêr bôngsa liyanira | salah kabèh agamane | ingaran kapir turun | mila Radèn Patah agêthing | mring wong agama Buda | Allah paring sêmu | githok kontul kinuciran | têgêsira tolèhên luputmu kaki | dosa gêng tri prakara ||

28. mungsuh ratu kalawan sudarmi | ambêciki lan paring nugraha | têka rinusak prajane | tan ana salahipun |

--- 176 ---

amung sabab tan arsa ganti | agama Rasulullah | iku dudu laku | Allah paring sêmon samar | githok kontul ana ingkang dèn kuciri | katêlah praptèng mangkya ||

29. sabab kontul tyas sumuci-suci | panganggone kabèh sarwa seta | rêsik inggil paturone | kayu nginggiling ranu | anggêr mêdhun awisuh sikil | asta lan raup muka | nanging tyase nguthuh | acêmêr pamanganira | putih jaba jêro mêngku abang langking | sêmon wali sadaya ||

30. kang biyantu bêdhah Majapait | tan ngèngêti kabêcikan raja | asikara tanpa wite | sinêmon ing Hyang Agung | githok kontul dipun kuciri | iku pasêmon samar | elok gaip tuhu | supaya padha ngrêtia | luputira pra wali kang ahli budi | ngrasaa kaluputan ||

31. yèn tan ngrasa luput lair batin | dipun walik imane ing benjang | janma lir kontul wujude | yèn lungguh mlangkring kayu | nganggo putih amawa kucir | môngsa kodhok andhapan | klênthèng masjidipun | nêmbah

--- 177 ---

dluwang rêca sela | tinandhanan rambut pèthèk nganggo kucir | iku pasêmoning Hyang ||

32. rambut pèthèk manut adat Ngarbi | rambut panjang manut adat Jawa | klabang tri santri janmane | sambungan sarakipun | sarak Buda kapir mring Ngarbi | marma sinambung abang | mêthit rambutipun | nuturkên kapir kambangan | agamane dudu Ngarab dudu Budi | aran kapir kambangan ||

33. sênêngane amung saba warih | nora bisa têlês sariranya | saking kandêle sarate | tan pêgat sêbutipun | anggêr mêlèk lesane criwis | angêndhok sabên dina | nora ngrêti ngramut | tan ngrêti ngingu nêtêsna | iku isbatira kawruh santri èstri | Islame tanpa guna ||

34. mila mangke akèh bôngsa kucir | angajawa sabab alusira | santri Jawa duk maune | kurang mangan ing kawruh | suksmanira katut ing angin | thukul nèng tanah Cina | mangke padha mantuk | rambut klabangan mratiga | nuturake yèn aluse santri Jawi | janma nèng tanah Cina ||

35. nora [no...]

--- 178 ---

[...ra] manut agamane luri | nora manut agamaning raja | kapir kambangan arane | bôngsa Cina puniku | jaman dhihin tan nganggo kucir | prasamya ngondhe rema | manut luhuripun | sabêdhahe Majalêngka | praptèng mangke bôngsa Cina padha kucir | sabab kadi ing ngarsa ||

36. mula adat singkèk mirip khaji | cupar ijir tan arsa kelangan | mung sênêng nucuk ngibêrke | ambuwang saru siku | tan pakering kalamun linggih | adat mêksih ginawa | kêsanrenanipunkêsantrenanipun. | ing urip praptèng antaka | adat Cina lan adat khaji wus sami | mangeran dluwang sela ||

37. marang Mêkah prêlu munggah khaji | praptèng Mêkah nêmbah tugu sela | lir Cina nêmbah Pèkkonge | yèn nrima nêmbah watu | bêcik munggah ing ardi Mrapi | ing kono akèh sela | yasaning Hyang Agung | yèn nrima nêmbah kuburan | nora kurang nèng sajroning tanah Jawi | pra olya Raja Buda ||

38. mula Cina iku nora wani | ngèstokake Nabi Rasulullah | wus kapok duk biyèn-biyèn | pinuji rintên [ri...]

--- 179 ---

[...ntên] dalu | Rasulullah wusana mati | thukul nèng tanah Cina | rambut dadi buntut | pinadha lan sato kewan | bedanira kewan buntut dhuwur sikil | Cina anèng mastaka ||

39. pituture Dyan Budi sung kardi | agamane wong Jawa samangkya | agama Srani arane | têgêse srani iku | pênasaran kang dèn parani | munggah khaji mring Mêkah | pêrlu nêmbah watu | kang muni kitab Kikayat | lan Ambiya yèn wong nêmbah marang curi | lair batine sasar ||

40. Darmagandhul aturira aris | kula takèn dhatêng Abduljawal | agami Srani kang ngangge | bôngsa Wlandi puniku | agamane nami Sêrani | Ki Kalamwadi mojar | ya bênêr tuturmu | siji nama loro makna | Srani Lônda Srani sranane ngabêkti | tan nêmbah dluwang sela ||

41. têmên-têmên ngabêkti Hyang Widhi | lêlantaran ing brahala sela | nêmbah Allah sabênêre | Kakullah sêbutipun | angawruhi purwane dadi | wujud saking karsèng Hyang | mila sêbutipun | kang muni kitab Ambiya | Nabi Ngisa [Ngi...]

--- 180 ---

[...sa] iku atmane Hyang Widhi | Allah kang mujudêna ||

42. Sultan Dêmak waskitha ing gaib | yèn rinêngon dinukan dening Hyang | rumôngsa kaluputane | sigra mring Majalangu | andêdagan kubur sudarmi | antara tigang dina | prênah pusêr kubur | wrêksa thukul tanpa sangkan | warna papat siji irêng sêmu abrit | têrus sêkar ronira ||

43. ingkang siji wit sêkare putih | roning madya siji roning ngrêmbatngrambat. | mubêng lir payung isthane | siji godhonge lêmbut | dhapur oyot amawa êri | ana swara kapyarsa | prênah pusêr kubur | dumêling ujaring swara | têlas kabèh sih ingsun trêsna mring siwi | dèn enak rêsmi buja ||

44. dene gajah ginêtak lir kucing | nadyan mati tata kalairan | lah eling-elingên têmbe | yèn wus agama kawruh | ingsun walês wong Islam benjing | sun ajar wêruh nalar | bênêr lawan luput | pranatane mêngku praja | mangan babi kadya jaman Majapait | Sultan Dêmak miyarsa ||

45. gêtun jêgrêg dangu datan angling | pan rumôngsa kaluputanira |

--- 181 ---

dènnya nuruti rêmbuge | para sunan sadarum | mungsuh ratu lawan sudarmi | puniku purwanira | ana papat kayu | têlasih lawan sêmboja | buru gajah lawan godhong gêtak kucing | iku caritanira ||

46. pan katêlah prapta jaman mangkin | wit sêmboja iku wajibira | tinandur kubur ênggone | têlasih karyanipun | karya ngirim kubur wong mati | gêtak kucing ronira | yèn ginêtak mingkup | dhapurane buru gajah | yèn tinarik witira obah sathithik | ron mingkup kadi nendra ||

47. Sultan Dêmak gya kondur mring nagri | analôngsa kaluputanira | kadudon laku tindake | puniku purwanipun | ana kayu sêmboja tlasih | gêtak kucing kalawan | oyot gajah buru | jaman buda durung ana | buru gajah gêtak kucing lan têlasih | miwah kayu sêmboja ||

48. mula adil adat Ratu Jawi | awit Dêmak Pajang lan Mataram | ing Kartasura watêse | tan nganggo ngowêl umur | adil Cina kang dipun irip | krana pathokanira | kitab [ki...]

--- 182 ---

[...tab] ingkang ngatur | Sultan Dêmak ibu Cina | awit Dêmak sapangandhap durung salin | pathokan kitab Dêmak ||

49. Sunan Kali waskitha ing gaip | yèn sinêmon dinukan dening Hyang | nalôngsa kaluputane | gya ngagêm sarwa wulung | beda lawan sanèsing wali | mangangge sarwa seta | tan rumôngsa luput | mung rasa suci kewala | amung Sunan Kali pribadya kang ngrêti | sasmita dukaning Hyang ||

50. analôngsa tobat mring Hyang Widhi | ingapura kaluputanira | orong-orong pasêmone | ing githok praptèng punuk | sinêlanan tataling jati | punukmu panakêna | sajatining ngèlmu | tan susah guru wong Ngarab | ngèlmunira anèng githokmu pribadi | puji thok wujudira ||

51. dudu puji karêntêking ati | dudu puji kang kawêdhar lesan | iku wong bodho pujine | puji jatining kawruh | angawruhi jatining urip | urip dadya wayangan | datira Hyang Agung | manungsa wignya punapa | mobah mosik darma lumaku nglakoni | budi [bu...]

--- 183 ---

[...di] kang ngobahêna ||

52. sabda iku mêdal saking osik | osik iku mêdal saking cipta | cipta puniku wêdale | puniku saking kayun | kayun iku mêdal sing budi | budi iku dating Hyang | ingkang Maha Agung | agung iku wus samêkta | tanpa kurang tanpa wuwuh tanpa luwih | tan arah tan panggonan ||

53. mung pituduh wau Radèn Budi | kang katrima muji maring Allah | sindhèn lèdhèk dharu dhêmble | dhar wudhar têgêsipun | bundhêt ruwêt dhêmit arungsit | dhêmble dados satunggal | lamun wus sumurup | têpunge sarak sarengat | lan tarekat kakekat makripat yêkti | wus muji tanpa ngucap ||

54. sarak iku sarating ngaurip | nampik milih gaota ihtiyar | sarengat sasaringane | kawruh kang agal alus | tarekate kang nimbang nanting | bênêr lan luputira | kakekate wujud | wujud kak karsaning Suksma | kang ngobahkên kang ngosikkên Radèn Budi | wikan tan kasamaran ||

55. lamun sira iku wus mangrêti | sindhèn [sindhè...]

--- 184 ---

[...n] dharu dhêmble wêrdènira | wus nyêrèt kawruhmu dhewe | cêgèhe mindhak tuwuk | mangan wohe kawruh lan budi | sêbahe kadi tosan | linabuh jro latu | sirna brit rupa satunggal | kang amuji kang pinuji datan kalih | dhêmble wujud satunggal ||

56. lamun sira iku wus mangrêti | surasane kang sun tutur ngarsa | iku munajat arane | upama nulup manuk | yèn tan wêruh prênahing pêksi | manuk môngsa kênaa | panulup sirawur | kawruhe janma kang wignya | nora samar tininggalan mata siji | ing utêk wijilira ||

13. Mijil

1. Darmagandhul aturira aris | dhuh sang maha yêktos | mugi sampun dados dêdukane | ingkang abdi dene kumawani | ngasil kawruh inggil | kang elok kalangkung ||

2. kang kasêbut hikayat kitabi | margane binêndon | Adam Kawa ing kalêpatane | sami dhahar sêngkêran Hyang Widhi | kang dipun wastani | woh wit kajêng kawruh ||

3. kang tinanêm marang ing Hyang Widhi | têngah taman Pirdos |

--- 185 ---

kitap Arab ing sasêbutane | Adam Kawa margane dèn usir | saking ing suwargi | kalêpatanipun ||

4. sami dhahar woh wit kajêng kuldi | sêngkêran Hyang Manon | kang tinanêm têngah suwargane | wangsul kitapipun tiyang Jawi | kyai kadospundi | sêsêbutanipun ||

5. yèn paduka ngakên tiyang Jawi | Jawa Jawi ngrêtos | sanès Jawan rib-iriban bae | lamun ngakên Jawi mata siji | sayêkti mangrêti | carita puniku ||

6. sababipun sami dipun usir | Adam sakarongron | gih punapa kang dados sababe | Kalamwadi anauri aris | kitabe wong Jawi | tan ana kasêbut ||

7. munlarae luhur bôngsa Jawi | layang wacan kothong | Manikmaya kitab pathokane | anggitira olya bôngsa Jawi | sun tambahi malih | wangsite guruku ||

8. pituture Dyan Budi mring mami | critane mangkono | ngisor iki kabèh pratelane | êmbuh bênêr lupute kang mêsthi | nging panduga mami | bênêr nora luput ||

9. buku [bu...]

--- 186 ---

[...ku] pakêm pathokan wong Jawi | Buda wus dèn obong | alam Sultan Dêmak pangobonge | pan ginalih yèn mêkruh ngrubêdi | agami narpati | manut sarak Rasul ||

10. têkan buku kang anèng wong cilik | pinundhut dèn obong | pinrih sirna adat agamane | mituhua agama narpati | manut sarak Nabi | Mukhammad linuhung ||

11. jiyat mêksa masesa ngukumi | mring wadya kang mogok | kang tan manut ratu agamane | jarah-rayah binoyong kang èstri | wadya lit samya jrih | wasesaning ratu ||

12. brahalane sami dèn buwangi | bukune ingobong | sipat janma anjungkir irunge | gêlêm salat jêngking muji dikir | pinaringan linggih | anama kyai gung ||

13. pinaringan desa kang dedèn. goni | linuputkên paos | kumarêsêg wadya ajar ngame | saking melik ganjaran narpati | agamane luri | lêbur sirna larut ||

14. kênèng bujuk saking dalil-dalil | lungguh madhêp ngulon | gumarumung gela-gelo

--- 187 ---

ngocèh | dipakani bismillahirrohkim | alkamdulillahi | alip lam dalikum ||

15. ngombe kulhu tabat lamjakunil | mêndêm ngadêg bêngok | nêkêm wêtêng sraweyan tangane | wêdi bubar bêcik jungkir-jungkir | ing kalimah kalih | adune ashadu ||

16. kanikmatan tinggal adat luri | mari mati obong | brahalane binuwangan kabèh | mung mituhu agama narpati | manut sarak Nabi | Mukhammad sadarum ||

17. pamrinane Kangjêng Sunan Kali | aja kongsi pêdhot | caritane luri lêluhure | nganggit ringgit kinarya gêntèni | kitabe lêluri | kang sirna tinunu ||

18. panjênêngan Sang Ratu Matawis | amangun cariyos | sajarahe luhur Jawa kabèh | pra pujôngga kang kinèn anganggit | nanging datan sami | kawruh anggitipun ||

19. buku-buku kang ana wong cilik | pinundhut wus amoh | nora ana cocog caritane | dangu wadya tan ana mênangi | kraton Gilingwêsi | praptaning Matarum ||

20. buku kraton Dêmak Pajang [Pa...]

--- 188 ---

[...jang] nagri | kapriksa sang katong | kabèh buku Ngarab aksarane | kitab Kuran pêkih Tajuslatin | Suryangalam tuwin | kinarya pikukuh ||

21. dadya nata kawêkèn ing galih | manguning cariyos | pra pujôngga pra ngulama kabèh | kinèn nganggit crita tanah Jawi | ing sapanêmuning | kawruh anggitipun ||

22. anggitira iku nora sami | sawijining uwong | panêmune kawruh dhewe-dhewe | mula crita nagri tanah Jawi | tan pathokan siji | kaol loro têlu ||

23. layang Lokapala kang mèngêti | yasan saking kraton | nanging êmbuh bênêr lan lupute | de kang nganggit pujangganira ji | nging panduga mami | bênêr nora luput ||

24. wayah Adam putrane Nabi Sis | Sayid Anwar manggon | dinukanan rama lan eyange | wani mangan woh wit kayu budi | sêngkêran Hyang Widhi | nèng luhur swarga gung ||

25. ciptanira sêdya ngirib-irib | yasaning Hyang Manon | nora nrima amangan uwohe | nora nrima woh wit kayu

--- 189 ---

kuldi | wohe kayu budi | kang nêdya sinuwun ||

26. macung dhewe ngawula Hyang Widhi | nora karsa tiron | agamane rama lan eyange | amurwani sarengat pribadi | murtat sarta nampik | agamane luhur ||

27. nora karsa nganggêp Adam Nabi | kalipah Hyang Manon | wêktu iku wong dunya sêbute | ya Adamu Kalipatullahi | Sayid Anwar nampik | datan arsa nêbut ||

28. ngaku dudu anak Adam Êsis | wujude dating wong | wujud dadi lan dadine dhewe | mung warana turun Adam Êsis | dadi saking budi | hawane Hyang Agung ||

29. têmên-têmên dènira ngakoni | anak jali yêktos | janma mati ilang kang nurunke | asal suwung mulih marang sêpi | bali ring asaling | kaelanganipun ||

30. gya tinundhung mring eyang sudarmi | kentar ngetan bolos | amung nurut parane sukune | praptanira ing tanah dewani | pinanggih raja jin | Sang Nuradi Prabu ||

31. Sayid Anwar dinangu kang dadi | sabab kentar lolos |

--- 190 ---

saking Ngarab kang dadya purwane | Sayid Anwar matur ring sang aji | marga dèn dukani | kang sarta tinundhung ||

32. mring kang rama lan eyangirèki | sabab mungkir mogok | nora nurut agama lurine | wani mangan woh wit kayu budi | sêngkêran Hyang Widhi | kang nèng suwarga gung ||

33. gya ingambil mantu mring sang aji | sinrahan kadhaton | ing Dewani gya ganti parabe | Sang Aprabu Nurcahya Dewani | angratoni êjin | Dewani sadarum ||

34. raning praja Dewani ginanti | mring Nurcahya katong | tanah Jawa puniku arane | dene ingkang jumênêng narpati | Jawa Jawi ngêrti | kawruh agal alus ||

35. nganggit sastra mung salikur iji | saucaping uwong | nora kurang tan luwih sastrane | aran SastraendraSastrajendra. Prawatadi | kang murwani nganggit | Sang Nurcahya Prabu ||

36. Jawa nguja hawa karêpaning | cipta jroning batos | sêdya rowa saturun-turune | amurwani jumênêng narpati | anèng tanah Jawi | Sang Nurcahya Prabu ||

37. gya pêputra

--- 191 ---

Nurasa krama jin | woh budi binadhog | sang Nurasa mung siji putrane | Sang Hyang Wênang woh budi binukti | krama jin sêsiwi | Sang Hyang Ning kramantuk ||

38. putri Kêling mangan woh wit budi | mung putra sawiyos | Sang Hyang Tunggal iya jin garwane | iya mangan woh wit kayu budi | Sang Hyang Tunggal siwi | awasta Hyang Guru ||

39. ngrêda mêndêm woh budi binukti | angaku Hyang Manon | pan jinurung marang Hyang ciptane | sakarsane guru dèn idèni | kalilan nimbangi | yasane Hyang Agung ||

40. aiyasa kamulyan yumani | ciptane rinojong | pucak gunung Mahmèru kratone | angakoni purwaning dumadi | mêdal asal saking | budi hawa nêpsu ||

41. aran dewa ngaku misesani | ngujudkên sipat roh | Buda Budi agama arane | amangeran tapa langkung kêsdik | angaku Hyang Widhi | ciptane jinurung ||

42. dewa iku wêrdine kêkalih | dene kang sawiyos | Budi hawa iku ta jarwane | wadi dawa têgêse kang siji | de raning agami |

--- 192 ---

Buda kang wus umum ||

43. têgêsira sêsêbutan dèwi | dewane wong wadon | hawa wiyar puniku têgêse | mung sanyari wadine wong èstri | sêdhêng diwêdali | dhas bocah sagênuk ||

44. lah timbangên Darmagandhul iki | tiga kang cariyos | êndi ingkang bênêr pamangane | kang tan mangan woh wit kuldi mati | ingkang nora bukti | woh wit kayu kawruh ||

45. yêkti cubluk kadya kewan daging | ingkang nora badhog | woh wit budi lir watu wujude | nora obah tan osik tan eling | tan wruh ala bêcik | tanpa hawa nêpsu ||

46. Darmagandhul aturira aris | kyai môngsa-borong | timbang kula lêrês sadayane | mung sênêngan kang dipun sungkêmi | ing salah satunggil | sampun ngantos luput ||

47. lamun sênêng nêdha woh wit budi | mituruta batos | Buda Budi rane agamane | anêbuta dewa bathara di | lamun sênêng bukti | woh wit kajêng kawruh ||

48. anêbuta asmane Jêng Nabi | Ngisa kang kinaot | mituruta [mi...]

--- 193 ---

[...turuta] Wlônda agamane | lamun sênêng nêdha woh wit kuldi | nêbuta Jêng Nabi | Mukhammad ing Ngarbun ||

49. lamun sênêng ron kawruh ron budi | anêmbaha Pèkkong | mituruta Cina agamane | manut sarak Li Sin Bin lan Sing Sim | ing salah satunggil | sampun ngantos luput ||

50. wajibipun tiyang gêsang niki | tri samya binadhog | woh wit budi kèlingan wastane | woh wit kawruh wikan ala bêcik | woh wit kajêng kuldi | woh kang sipat thukul ||

51. kang tan nêdha wohing kajêng katri | sayêktine pêngong | kadi sela puniku gêsange | datan obah tan osik tan eling | tan wruh ala bêcik | tanpa hawa nêpsu ||

52. utamine tiyang gêsang niki | manut alam mawon | dados botên siya mring uripe | yèn kalipah dhahar woh wit budi | inggih tumut bukti | woh budi kang tuwuk ||

53. yèn kalipah dhahar woh wit kuldi | inggih dhèrèk badhog | woh wit kuldi kang kêbak wêtênge | yèn kalipah woh kawruh binukti |

--- 194 ---

inggih tumut bukti | woh kawruh kang tuwuk ||

54. alam niki kalipatullahi | dhahar woh wit kawroh | inggih dhèrèk nêdha saangsale | nut kalipah agami anêpsir | lêrês tuwin sisip | tanggunganing ratu ||

55. mila ratu mangke wus gêlari | mring wadya tuwa nom | kinèn bukti kawruh saangsale | kinèn wikan bênêr tuwin sisip | sadaya nagari | sêkolah pinanggung ||

56. upamine botên tumut bukti | woh wit kajêng kawroh | manut Nabi Ngisa agamane | tôndha janma datan wikan ing wit | kang uning ratu wit | nut agama ratu ||

57. kang tan manut agama narpati | tiyang matêng mogol | botên matêng ing jaba jêrone | manut ratu amung milih asil | ing batos macicil | sanès adhêpipun ||

58. mêndêm dènnya nêdha olah sirik | nglirik ngidul ngalor | angalapdho ing lair batine | nora manut agama narpati | nut Jêng Ngisa Nabi | dhahar woh wit kawruh ||

59. nora manut agamane luri |

--- 195 ---

woh budi binadhog | mung nênêpi wong Jawa-Jawane | botên nami Jawa Jawi ngrêti | yèn Jawi mangrêti | nut agama ratu ||

60. mêsthi ngrêti lêlakoning urip | manut alam mawon | wong tan manut agama ratune | kadya mina mêdal saking warih | woh tan nèmpèl uwit | glundhung tanpa dunung ||

61. amung dados pakaning yumani | uripe kêlorop | tiyang Jawi nèng Jawi laire | nginum nêdha toya tanah Jawi | toya tanah Jawi | ginilut kang lêmbut ||

62. awit kawruh pusakaning luri | kulina binadhog | ngrêtos ngangge nêdha panginume | lêrês lêpat wus bisa ngalami | kêdah aniwasi | sampun untungipun ||

63. nadyan lêpat tan lêpat pribadi | lêpat saking babon | anyungkêmi agama luhure | run-tumurun langkung sèwu warsi | nadyan têkèng sisip | Allah paring makluk ||

64. Ratu Landi inggih nèmpèl Landi | adat caraning wong | tata praja miwah agamane | dados uwoh tumèmpèl ing uwit | pikukuhing [pi...]

--- 196 ---

[...kukuhing] urip | tanggunganing ratu ||

65. nadyan nêdha kawruh warni kalih | lêrês lair batos | manut luri kalawan ratune | luri wênang mulang mituturi | ratu langkung wajib | kêdah muruk ngukum ||

66. yèn miturut agamaning wali | minggata sing adoh | marang Ngarab kumpula bangsane | yèn miturut prentahing narpati | Sultan Dêmak nagri | lumêbua kubur ||

67. tata praja tataning agami | luri lawan katong | wong punapa puniku wastane | salewengan êmbuh kang pinikir | lair batin sisip | pantês manggih ukum ||

68. tiyang Jawi ngangge ngèlmu Ngarbi | dados Jawi bohong | Jawan Ngarab rib-iriban bae | wangun rusak èngêtane salin | nami Jawa kapir | lair batinipun ||

69. tiyang Jawi nêdha kawruh Ngarbi | sayêktine umor | awit sanès wadhah lan isine | sabab sanès kawruh saking luri | kathah salah ngêrti | panêdha panginum ||

70. lêpat-lêpat tambah damêl sakit | panêdhane kledhok | angalapdho ing lair batine |

--- 197 ---

wiji jati nèmpèl kajêng ringin | botên dados ringin | inggih thukulipun ||

71. sayêktine thukul kajêng jati | jangglêng dhêlog-dhêlog | wiji Jawi gih Jawi thukule | sampun nasar Jawi thukul santri | sami salah warni | pantun thukul kêtun ||

72. suksma Jawi tuwuh nutphah Jawi | ayya nganti kledhok | Jawi lêbêt têtêpa Jawane | tiyang Jawi manut sarak Ngarbi | yèn pantuna nami | mriyi rôndhanunut ||

73. botên kenging yèn dadosa wiji | mung jagi dhinêplok | dèn sirnakkên nama lan wujude | sampun ngantos amanjangkên wiji | mindhak angrêgêdi | tekat kanthi luput ||

14. Kinanthi

1. Ki Darmagandhul umatur | bedanipun kadospundi | tiyang agami Mukhammad | lan sanèsipun agami | Ki Kalamwadi ngandika | lah iku kang mratandhani ||

2. mungguh tata lairipun | ningali wujuding jinis | Ngarab agama Mukhammad | agama Ngisa Walandi | Cina agama brahala | wong Jawa agama Budi ||

3. manusa [manu...]

--- 198 ---

[...sa] akèh kaliru | marang sasmitaning Widhi | kinèn muja ring agama | muja gaman tumbak kêris | dadi agamane rusak | sabab mangeran ing wêsi ||

4. kinira nguwisi iku | tambah kibir lair batin | lali mring Pangeranira | amaro ciptaning batin | kênèng gêlaring rêrupan | kang tanpa nyawa binatin ||

5. agama Jawa tumurun | agamane Buda Budi | iku agama makripat | macung dhewe mring Hyang Widhi | ganti agama tarekat | agamane wong Ngarabi ||

6. têgêse tarekat iku | tarèk takèn ngasil-asil | têgêse agama Ngarab | Ngarab-Ngarab ngirib-irib | bênêr lawan luputira | rêbutan ujaring dalil ||

7. kang rusak agamanipun | pasthi rusak kang pinanggih | pêsthi rusak kawruhira | minggrang-minggring mring pêpati | mungguh tata batinira | iku ingkang mratandhani ||

8. ing lawang suwarganipun | ana tôndha tulis muni | lailaha lailullah | Mukhammad Rasulullahi | puniku pratandhanira | agama Mukhammad Nabi ||

--- 199 ---

9. têgêse ing lesanipun | sêbute kang mêtu lathi | lawan kang kasêbut ngarsa | apan tutukirèng janmi | iku lawang sok warêga | dalane sadaya mukti ||

10. yèn liyane umat Rasul | lawang swarga nora muni | lapal kang kasêbut ngarsa | karana seje agami | ing lawang suwarganira | asiri tulis pribadi ||

11. manut ing agamanipun | sêbute kang mêtu lathi | wong Jawa Dewa Bathara | Ngisa rohollah Walandi | Cina agama brahala | Dikot Wa Pèkkong pinuji ||

12. têgês manut luhuripun | agama miturut luri | nadyan gundhul nganggo surban | yèn lesan tan bisa muni | lapal kang kasêbut ngarsa | dudu umat Rasul Nabi ||

13. ing môngsa iki sun bingung | tumingal wujuding jinis | janmèstri ngangge mêkêna | pangakune khaji èstri | manglong lawang ngawe bedhang | ngajak brandon ngadu wadi ||

14. kakung surbane sagênuk | klambi jubah kalung têsbih | midêr gawa mata gêlap | ya Allah Kang Maha Tinggi | muga raja nêtêpêna | adat panganggoning [pangang...]

--- 200 ---

[...goning] jinis ||

15. yèn nyata wong Jawa tuhu | manganggoa cara Jawi | tôndha gawa mata têrang | wong Jawa manganggo Ngarbi | iku gawa mata gêlap | dèn anggo tur dèn kukuhi ||

16. gêlap tata adatipun | raga wujudira Jawi | amot tataning wong Ngarab | dudu tataning wong Jawi | puniku tata silihan | ditutup panganggo Ngarbi ||

17. watir dèn tapèki iku | mring janma kang ahli budi | Jawa nganggo cara Lônda | puniku mundhak utami | sanadyan gêlap têranga | manut agêming narpati ||

18. manusa kang sangêt pêngung | duwe dhuwit sèwu ringgit | ginawa tuku suwarga | marang Mêkah munggah khaji | sangu pambayare kontan | suwargane tômpa benjing ||

19. nèng kerat benjang yèn lampus | iku janma tanpa budi | yèn cidra nagih mring sapa | tôndha tangan tan nampani | saking Allahu Tangala | ah tobat lamun pinikir ||

20. Ki Darmagandhul umatur | omonge Mukhammad murid | miturut ing kitabira |

--- 201 ---

ingkang saking Ngarab nagri | sintên janma kang ngarasa | Kakbatullah Mêkah nagri ||

21. sirna dosane kang sampun | yèn pêjah munggah suwargi | Ki Kalamwadi anyêntak | iku wong dhinadhung dhêmit | ngêndi ana bôngsa sela | nyirnakkên dosaning janmi ||

22. iku janma mata pitu | nora nganggo mata siji | matane sanga lapisan | ablero lamun ningali | samar kalingan ing padhang | kêsasar nêmbah ing curi ||

23. dadi janma tanpa kusur | kabujuk rêmbuging santri | kang bisa nyirnakkên dosa | tirta tarekat sucining | karya adus ing manusa | bisa bêrsih lair batin ||

24. manusa ingkang wus lampus | tan bisa munggah suwargi | manusa kang taksih gêsang | tan arsa munggah suwargi | nanging ta suwarganira | minggah lesane wong urip ||

25. kêbo sapi jaran wêdhus | suwargane diunggahi | pinangan dèn idak-idak | lamun manusa kang ngrêti | suwarganira rinêngga | kang suci wadhahe bêrsih ||

26. kalamun manusa tuhu | tan melik munggah suwargi | nama

--- 202 ---

nikmat lan kamulyan | puniku dipun ulati | punjula samaning janma | aja thukul dadi kuli ||

27. duwea nama kang mashur | sinêbut priyayi inggil | nikmata badan lan manah | muliha kadya ing nguni | kadya duk nèng ngalam samar | tan duwe susah prihatin ||

28. manusa kang tanpa jantung | muji dikir rina wêngi | marang Allahu Tangala | anyuwun munggah suwargi | iku janma tanpa mata | trima mangan godhong kuldi ||

29. lali yèn tinitah luhur | pinunjul samaning urip | suwargane inginggahan | pinangan sarwi lumaris | brangkang têngah ngara-ara | ngombe uyuh ngambus curi ||

30. yaiku ganjaranipun | wong kang karêm mangan kuldi | manut makam Rasulullah | inginggahakên suwargi | pinaringan nama bêsar | kasêbut sang raja sugih ||

31. ingkang mungguh kaya ingsun | duwe dhuwit sèwu ringgit | sun karya tuku suwarga | rong ringgit dalêm saari | dadi raja jroning wisma | apa sakarêpku dadi ||

32. mula sun rêsiki iku | lawang swargaku kang rêsik |

--- 203 ---

sun rêngga tekat utama | supaya aja ngrubêdi | sakarat mati nèng dunya | rahayua lair batin ||

33. lawang suwargaku iku | pancatan arja bilai | yèn bêcik narik raharja | yèn ala narik bilai | mulane wajib sun jaga | pangucap kang ngati-ati ||

34. supadya nêmu rahayu | salamêta lair batin | yèn ala pangucapira | wus pasthi manjing yumani | yèn bêcik pangucapira | tan pêgat ganjaran mintir ||

15. Mêgatruh

1. Darmagandhul manêmbah alon umatur | mugi kyai sampun runtik | kamipurun kula matur | ing panjênênganipun kyai | kawula ngasil pitakon ||

2. tiyang dunya mung satunggal wujudipun | nanging warnanipun kalih | amung èstri lawan jalu | sami turun Adam Nabi | pikukuh babon sawiyos ||

3. sastranipun sêratanipun wong agung | tapak iyangipun sami | sami gadhah tangan suku | netra grana karna lathi | gadhah kalam Darmagandhol ||

4. yèn wong èstri anèng pêrji wadosipun |

--- 204 ---

nika pratandhane sami | manusa dunya sadarum | warnane mung warna kalih | wujude amung sawiyos ||

5. kathahira sagulma tan kirang langkung | karana andhêging wilis | sagulman pathokanipun | pangkat rolas wangsul siji | sadhosin etung siji wong ||

6. êgul niku têgêse agêng pinunjul | manusa ingkang mangrêti | rêrupan dunya sadarum | kang agêng inggil pribadi | mung siji kang bôngsa uwong ||

7. kang tinêdha woh kuldi budi lan kawruh | sami kyai lawan mami | kang beda nugrahanipun | pêparingira Hyang Widhi | pangkat luhur madya asor ||

8. sabab napa sastra jinis bangsanipun | corakipun botên sami | beda-beda lampahipun | Jawi Landi Cina Ngarbi | ngiwa nêngên lan mangisor ||

9. carakane botên sami kêkathahipun |Lebih satu suku kata: carakane botên sami kathahipun. beda-beda ingkang warni | kang kangge pikukuh buku | Jawi Landi Cina Ngarbi | tan ngangge sastra sawiyos ||

10. Kalamwadi angandika manis arum | yèn sira takon bab iki | ingsun [ingsu...]

--- 205 ---

[...n] dhewe tan sumurup | sun matur Rahadèn Budi | anglimput tunggal lan ingong ||

11. mula sastra ing dunya beda puniku | karsane Hyang Maha Suci | manusa dunya sadarum | kabèh padha dililani | mangan woh budi woh kawroh ||

12. kaparingan wahyu kaèngêtanipun | mêthik woh kawruh woh budi | sadungkape gone gayuh | manusa sawiji-wiji | woh wit budi woh wit kawroh ||

13. pan kinarya gunggungan ringkêsanipun | sastra tulisan Hyang Widhi | kang sagulma kathahipun | riningkês katon sakêthi | mrih janma padha mangrêtos ||

14. yèn nganggoa sastra tulisan Hyang Agung | sastrane nglimput jro warni | kèhing sastra manut wujud | aranira sastra urip | manusa kang dungkap gayoh ||

15. olya nabi tan gaduka ing panggayuh | woh wit kawruh woh wit budi | tinandhanan sipat wujud | cinorèk ing dluwang mangsi | mrih kêna dinulu mring wong ||

16. aran dalwang iku mêdal wangunipun | têgêsira mangsi mangsit | yèn dalwang katrapan [katra...]

--- 206 ---

[...pan] iku | ing mangsi wangune mijil | dadya mangsi mangan kawroh ||

17. aran kalam gawa alam isi kawruh | sastra ôngka warni-warni | pêparingira Hyang Agung | iku wajib dipukdipun. bukti | mrih sugih eling mangrêtos ||

18. krana janma kang tan ngêrti sastra iku | pêparingira Hyang Widhi | sathithik manganing kawruh | krana nora ngêrti wangsit | kang tumrap ing dalwang kono ||

19. olya Cina Gonghucu kumênthus niru | sastra tulisan Hyang Widhi | kèhing sastra manut wujud | kasiku tan bisa sami | sastra kurang muni pelo ||

20. olya nabi ing bôngsa sadayanipun | nganggit sastra dipathoki | mantêp cacah têlung puluh | kurang luwih rangkêp uni | abot ènthèng ngêsês ngorok ||

21. sastraning Hyang lan sabda panuratipun | dadine wujud pribadi | mila cêtha ungêlipun | sastra beda nora sami | nora dhompo nora pelo ||

22. kawruh iki raras driya kitabipun | tholak-thalik dadi gathik | sun turut rarasing têmbung | kalawan [kala...]

--- 207 ---

[...wan] lêmêsing dhong-dhing | êmbuh têmên êmbuh goroh ||

23. nalar iki lah timbangên Darmagandhul | êndi ingkang luwih inggil | anggite olya sadarum | iku ingkang mratandhani | olya budi luhur asor ||

24. Darmagandhul alon dènira umatur | panimbang kawula kyai | gih lêrês sadayanipun | anggêr mêdal saking budi | tan wontên lêpat sawiyos ||

25. kaotipun budi andhap budi luhur | kang nganggit sastra sakêdhik | ringkês jangkêp ungêlipun | puniku kang mratandhani | olya budi luhur yêktos ||

26. ingkang nganggit sastra mawi kirang langkung | olya madya ingkang budi | kang nganggit sastra bêribu | kirang langkung ingkang uni | tôndha olya budi asor ||

27. yèn sira yun miyat tulisan Hyang Agung | nganggya mata siji batin | sastra tulisan Hyang Agung | tan kêna sira tingali | lan mata loro mêlolong ||

28. yèn matamu loro sira karya dulu | ana Allah sipat kalih | môngka anane Hyang Agung | tan kêna sira [si...]

--- 208 ---

[...ra] tingali | nora ana Allah loro ||

29. mung datira kang nglimput sakèhing wujud | yèn dinulu mata siji | bênêr têrang paningalmu | tan maro ciptamu batin | wus gêlêng tingal sawiyos ||

30. karya samar mata Sêmar karya dulu | dadya tan sulaya warni | karya samar karya dulu | lan mata loro macicil | sinigêg pucung gumantos ||

16. Pocung

1. Kalamwadi pinarak nèng dhepok Bukuh | lawan garwanira | nama Endhang Pêrjiwati | êmban kalih Darmagandhul datan têbah ||

2. Kalamwadi angandika manis arum | marang garwanira | hèh rêngênta sira yayi | ingsun iki têtêp lakimu sajatya ||

3. ingsun wajib mulang muruk mring sirèku | yayi piyarsakna | pitutur kasidan jati | yèn tan mulang tinggal wajib aran lanang ||

4. tan nêtêpi ngrahabi marang wujudmu | ngibarate wisma | nadyan wus bênêr wus bêcik | iku isih dinandanan sabên dina ||

5. rèhning ingsun wus tinitah janma cubluk | yayi sun tan bisa | amulang kawruh kang dakik |

--- 209 ---

ingsun takon marang raganta pribadya ||

6. sayêktine ragamu bisa sumaur | ing kono wus ana | sasmitanira Hyang Widhi | paring wulang tan kawêdhar maring lesan ||

7. mung sasmita tinulis ana tanganmu | kang kiwa sadaya | arane gawa pangêrti | pangêrtine dadi wulang sadayanya ||

8. aran kiwa wujude ragamu iku | hawa katingalan | dene ta maknane iki | wa: wêwadhah puniku ing têgêsira ||

9. raganira yayi ibarate prau | tiyange wong lanang | praune iku wong èstri | aran uwong mung ngalowong dadi wadhah ||

10. isinipun mung têlung prakara iku | karricis arannya | dakar kêncêng pari picis | yèn wus isi têlu iku nora goyang ||

11. yèn wis isi dakar kêncêng bojo bagus | pari iku pangan | aran picis iku dhuwit | yèn wis isi momotan têlu wus pêpak ||

12. nora goyang sayêkti têtêp pikirmu | yèn wus duwe dakar | duwe pari duwe dhuwit | sakarêpmu iku katêkan [katê...]

--- 210 ---

[...kan] sadaya ||

13. lamun ingsun tan bisa mêngkoni iku | momotan katrinya | wus pêsthi sira nyidrani | angupaya momotan ing kakung liya ||

14. rèhning tangan etangên karyamu iku | mung jaga kongkonan | ing lakimu sabên ari | aran bau iku kanthi golèk pangan ||

15. aran sikut singkurên panggawe luput | lêngên têgêsira | dêlêngên wujudmu iki | lamun dalu ingsun karya dhasar nendra ||

16. rumôngsaa kalamun apês duwèkmu | gêl-ugêl artinya | tukar padu sabên ari | nora pêgat yèn isih padha trisnanya ||

17. èpèk-èpèk punika pasêmonipun | ngêmpèk-êmpèk nama | mulane yèn èstri laki | nama ilang mlêbu namaning wong lanang ||

18. iya iku warôngka manjing ing dhuwung | rangkane wanita | dhuwunge namaning laki | yèn wanita têtêp wadhahe wong lanang ||

19. ing namane wanita nora kasêbut | mung namaning priya | kang misuwur môncanagri | rajah iku lakimu [laki...]

--- 211 ---

[...mu] anggêpên raja ||

20. driji iku idêrana ing jiwamu | pagêr kautaman | kuku kukuh ngrêksa wadi | aja gampang wani jamu godhong lingga ||

21. jêmpol êmpol iku makna gampang gêmuh | yèn sira kinarsan | mring laki kang gampang gampil | dipun gêtas rênyah lir êmpoling klapa ||

22. pramilane ingaran driji panuduh | sira mituruta | satuduh tuturing laki | ran panunggul pakaryane lakinira ||

23. unggulêna mrih barkat munpangatipun | mula ingaranan | dariji manis puniki | ulatira ingkang manis sarta lêjar ||

24. aran jênthik sumurupa kuwasamu | sajênthiking priya | saparalimaning laki | mula sira dèn sêtya rila ing priya ||

25. pikukuhing pawèstri sêtya ing kakung | mung patang prakara | pa: pawon paturon iki | pa pangrêksa pa pangudèn singkirana ||

26. lamun sira nêtêpi pitutur ngayun | ran èstri utama | utama rupaning bêcik | rukun sênêng dènira karon asmara ||

--- 212 ---

17. Asmaradana

1. Kalamwadi ngandika ris | yayi sun tuturi sira | pikukuhe wong jêjodhon | laki rabi anèng dunya | poma sira èstokna | ing lair batin dèn têrus | aja nasar ambêlasar ||

2. pikukuhing laki rabi | dudu brana dudu rupa | amung eling pikukuhe | kêna pisan luput pisan | yèn gampang luwih gampang | yèn angèl-angèl kêlangkung | tan kêna tinambak arta ||

3. tan kêna tinambak warni | ugêr-ugêring akrama | têmên eling pikukuhe | eling kawasesèng priya | nora kêna sêmbrana | kurang titi têmênipun | yèku luput ngômbra-ômbra ||

4. ambuwang ugêring urip | lali lamun kawasesa | ing priya jênênging wadon | titi eling katêmênan | tumancêp anèng manah | lamun ilang têmênipun | ilang namaning akrama ||

5. kang aran cidra ing laki | tan ngamungkên lamun jina | yèn cidra lair batine | iku wus prasasat jina | lair batin duraka | èstokna pitutur ingsun | den eling

--- 213 ---

aja sêmbrana ||

6. wong lali rèhing akrami | lali winasesèng priya | ingaran pêdhot kramane | nyandhang dosa rong prakara | siji dosa ing priya | kaping pindho dosanipun | marang Allahu Tangala ||

7. dosa lair dosa batin | ati ugêring manusa | yèn tan pinanthêng atine | eling jênênging manusa | yèn manusane rusak | amung salah kang tinêmu | tangèh manggiha raharja ||

8. badan niku mung sadarmi | nglakoni osiking manah | yèn ati ilang osike | rusak lair batinira | ati ratuning badan | eling nugraha Hyang Agung | kang tumiba ing kawula ||

9. pasêmone wong aurip | dènira apalakrama | ngibarate prau gêdhe | kang lanang lakuning satang | wadon kêmudhènira | nadyan bênêr satangipun | lamun kêmudhine salah ||

10. yèn bênêr kang ngêmudhèni | asalah panyatangira | palwa tan kêncêng lakune | luput-luput kêtiwasan | lakune tanpa dadya | tan tutug sasêdyanipun | karana sulayèng [su...]

--- 214 ---

[...layèng] karsa ||

11. yèn rosa ingkang nyatangi | abênêr kêmudhènira | palwa akêncêng lakune | saparane tamtu têkan | sabab wus nunggal karsa | mulane wajib arukun | tut-runtut apalakrama ||

12. dununge rukun puniki | akarya arjaning janma | lan nagara saisine | lawan sun tuturi sira | dalaning karusakan | iku papat kathahipun | dalaning mulya sakawan ||

13. dhingin mulya saking nami | pindho mulya saking dunya | ping têlu saking ngèlmune | papat mulya saking wignya | iku lamun sêpia | salah siji saka iku | pasthi siya marang raga ||

14. kang mulya nama priyayi | mulya dunya sugih arta | kang ngèlmu akèh kawruhe | dene mulya saking wignya | ingkang sugih kabisan | ing ngêndi satibanipun | sayêktine duwe rêga ||

15. ran rusak patang prakawis | dhihin rusak atènira | kapindho rusak badane | têlu rusak saking nama | bodho kaping sakawan | anadene dunungipun | kang rusak ati punika ||

--- 215 ---

16. iku wong kang sêdhih pikir | rusak awak iku lara | rusak nama ora duwe | rusak bodho cupêt manah | yèn janma kurang nalar | wus pasthi dadi waelul | li-kuli amikul Cina ||

17. nugrahanira Hyang Widhi | ingkang katrap ing kawula | waras sênêng samurwate | darajat nama wang barang | ngèlmu lawan kawignyan | durung waras sênêngipun | nugraha kurang utama ||

18. wong urip nèng dunya iki | awit lair praptèng pêjah | kang rinêbut mung namane | duwea nama utama | pinunjul ing sasama | kang wus duwe nama luhur | linêbokakên ing kandhang ||

19. sabên dina digêbugi | lan pinangan iwakira | sarta pinurih gawene | puniku sababe apa | jênêng saijab-ijab | luhure sêbutanipun | dumunung sang rajakaya ||

20. pasêmone wong ngaurip | rugi lawan untungira | ngibaratipun kêkayon | sabên dina rone rêntah | pupuse saya tambah | iku tôndha saksènipun | Allah sipat adil mulya ||

21. lamun [la...]

--- 216 ---

[...mun] wus tinêkdir mati | ron rêntah pupus tan tambah | apa kang cinatur manèh | pan amung tunggal lan nama | iku satuhunira | kinarya kupiya pungkur | kanthine kawruh kang nyata ||

18. Kinanthi

1. Ki Darmagandhul umatur | mugi kyai sampun runtik | kawula nyuwun têtanya | paduka tiyang nagari | pêrnah tilas kratonira | Sri Jayabaya ing nguni ||

2. ing Kêdhiri Ratu Agung | kang mashur prapta samangkin | mênggah tilas pêrnahira | sapunika ingkang pundi | Ki Kalamwadi ngandika | yèn sira takon bab iki ||

3. iku dawa critanipun | sun pêthik kawruh sathithik | Mahaprabu Jayabaya | tan jumênêng nèng Kêdhiri | ing Daha karatonira | sawetane Brantas kali ||

4. dene Kêdhiri puniku | sakulone Brantas kali | sawetane Wilis arga | sakidul kuloning ngloji | sawetane Klothok desa | kono ana bata putih ||

5. iku patilasanipun | Sri Pujaningrat Kêdhiri | dene patilasanira | Sri Jayabaya [Jaya...]

--- 217 ---

[...baya] narpati | kang aran kutha ing Daha | aran desa Mênang nênggih ||

6. mèlu Papar dhistrikipun | tilas kraton tan katawis | sabab kaurugan lêmah | pasir lahar Kêlut ardi | kabèh patilasan sirna | kaurugan lêmah pasir ||

7. pasanggrahan Wanacatur | lan taman Bagendhawati | sarta pasanggrahan lawan | kadhatonira sang putri | Nimas Ratu Pagêdhongan | mung araning desa maksih ||

8. ingkang isih wujudipun | yasane sri narapati | kang sun wruhi amung papat | candhi Prunggu Tegawangi | lor wetaning desa Mênang | têlu rêca buta nyai ||

9. desa Nyaèn wastanipun | dhuwure sawêlas kaki | madhêp ngulon jèngkèng lênggah | gêdhene putêring dhiri | ing prênah bangkèkanira | putêre sawêlas kaki ||

10. lêngên ingkang têngên putung | ingsun takon Kyai Budi | ingkang nyêmpal Sunan Benang | duk lêlana mring Kêdhiri | mriksani sadaya rêca | yasane wong Buda Budi ||

11. upama dèn liha iku | saking pêrnah gène lami | wong asthatus [astha...]

--- 218 ---

[...tus] tan kuwawa | yèn nora lawan piranti | papat rêca rupa kuda | kawakawak. siji sirah kalih ||

12. ungkur-ungkuran dhahulu | ing desa Bogêm dèn goni | mèlu dhistrik Sukorêja | ingsun takon Kyai Budi | mulane Sri Jayabaya | iyasa rêca puniki ||

13. lah mangkene critanipun | na butèstri aran Nyai | ing Lodhoyong asalira | ngunggah-unggahi sang aji | durung katur sri narendra | rinampok ing wadya alit ||

14. wusing buta Nyai ambruk | ananging durung ngêmasi | tinakonan sêdyanira | praptane Daha nagari | buta Nyai apratela | kadya kang kasêbut ngarsi ||

15. ature katur sang prabu | tandya miyos sri bupati | mriksani putri rasêksa | dinangu matur sang putri | nama sêdya lan pinôngka | ngandika sri narapati ||

16. hèh ta buta wruhanamu | karsane dewa kang luwih | ingsun dudu jodhonira | nanging sira sun tuturi | ing benjang sapungkur ingwang | kulon kene ana aji ||

17. ing Prambanan prajanipun |

--- 219 ---

karsaning dewa linuwih | iku jatukramanira | ananging rupaa janmi | arana Ni Rara Jonggrang | nulya buta Nyai mati ||

18. lah punika purwanipun | Jawa na sêbutan Nyai | malah luhur kang anganggya | besuk dina wuri-wuri | dene ingkang duwe aran | buta gêng punjul sasami ||

19. gya sang prabu paring dhawuh | hèh wadyèngsun gêdhe cilik | padha sira ngaranana | gone buta mati iki | desa Gumuruh ranira | katêlah prapta samangkin ||

20. tan lama antaranipun | sang prabu iyasa malih | rêca kuda lêlagaran | dhas loro dipun ubêngi | larèn kanan keringira | ing desa Bogêm dèn goni ||

21. patihira sang aprabu | Butalocaya kêkasih | lan senapati ngayuda | Tunggulwulung ingkang nami | kalih sarêng atur sêmbah | matur mring sri narapati ||

22. dhuh pukulun maha prabu | kang abdi sru kumawani | matur ing paduka nata | kang abdi nuwun pangarti | kang dados karsa narendra | iyasa rêca puniki ||

--- 220 ---

23. awujud kuda dhahulu | awak siji sirah kalih | lagaran tan mawi kapa | wontên dhusun Bogêm ngriki | kanan kering ingidêran | jagang larène prayogi ||

24. punapa ing wadosipun | kang dados karsa sang aji | akarya susahing wadya | ngandika sri narapati | hèh wong loro wruhanira | sun yasa rêca puniki ||

25. sun karya pralambangipun | pasêmone wuri-wuri | sapa janma ningalana | wujude rêca puniki | nuli padha sumurupa | tekate janma pawèstri ||

26. tanah Jawa iku besuk | yèn wus alam Nungsa Srênggi | têgêsira Bogêm wadhah | barang rêtna ingkang adi | wujude manusa kênya | iku wadhah bôngsa wadi ||

27. têgêsira larèn iku | kang ngidêri rêca iki | têgêse kuda sêngkêran | wujude manusa èstri | ngibarat kuda sêngkêran | awak siji sirah kalih ||

28. puniku pasêmonipun | adate wong èstri benjing | amaro ciptaning driya | mawas ngarsa milih wuri | nadyan rinêksa jinaga | ing laki

--- 221 ---

pasthi nyidrani ||

29. têgêse lagaran iku | tunggangan tanpa piranti | ing besuk lumrahing janma | laki rabi tanpa idi | ing raja myang yayah rena | purwa lagaran rumiyin ||

30. lamun enak sirigipun | lêstari kinarya rabi | yèn tan eca mêdharira | nora sida dipun kawin | puniku pasêmonira | rêca kuda Bogêm dèsi ||

31. anadene candhi iku | karsane sri narapati | sadhiyan kinarya baka | dasih ingkang padha mati | layone pinurih sirna | ulihira samar sêpi ||

32. asal ora mulih suwung | anèng dunya diratoni | ulihe marang klanggêngan | sang ratu mèlu ngurmati | iku adat ratu kuna | pamintanira ing nguni ||

33. marang ing Hyang Maha Agung | nulya na karsaning aji | iyasa candhi Tumangan | sadhiyan ambêsmi dhisinjisim. | kadya adat raja kuna | krana raganingsun nguni ||

34. ana dhalang purwanipun | aja suwe kaya iki | wujud rupa tanpa nyawa | muliha asale lami | marang ajal kaelangan | samukswane [sa...]

--- 222 ---

[...mukswane] sri bupati ||

35. patih sarta Tunggulwulung | têtiga kang putra putri | Nimas Ratu Pagêdhongan | kinarya ratuning dhêmit | sagara kidul sadaya | nama Ratu Angin-angin ||

36. ana kasihe sang prabu | aran Kramatruna Kyai | pinarnah sêndhang Kalasan | katêlah prapta samangkin | anêtêpi dhawuh nata | sawuse tri atus warsi ||

37. atmaja Prambanan Prabu | Lêmbu Wrêdadu wêwangi | aliyas Sang Pujaningrat | jumênêng Nata Kêdhiri | ngadhaton kulon bangawan | ingaran nagri Kêdhiri ||

38. Kêdhiriku têgêsipun | wadon datan garap sari | dhiri gumêdhe ambêgnya | têgêse wong ambêg inggil | dene ingkang paring aran | Rêtna Dèwi Kilisuci ||

39. tinampèkkên adatipun | Rêtna Dèwi Kilisuci | sabab Kilisuci wadat | wadon datan garap sari | nyawabana marang praja | ayya kèh raharjèng mijil ||

40. mula Kêdhiri puniku | kang aran nagri pawèstri | lamun nglurug asring mênang | kasor lamun [lamu...]

--- 223 ---

[...n] dèn lurugi | lan adatirèng wanita | akèh ombag-ambêg inggil ||

41. kasawaban adatipun | Rêtna Dèwi Kilisuci | kadange tuwa sang nata | kang martapa suku ardi | Wilis SelamanglongSelamanglèng. guwa | purwane guwa puniki ||

42. yasaning atmajèng wiku | Klanasewandana Aji | anglamar putri sang nata | nama Dèwi Sêkartaji | iya ran Côndrakirana | tamat kang carita titi ||

43. têlasing panêdhakipun | madya ratri nuju ari | Sêtu Wage ping sapisan | wulan Ruwah Je kang warsi | etanging côndra sangkala | rasa catur brahmana ji ||Sengkalan: rasa catur brahmana ji (Sêtu Wage, 1 Ruwah 1846 A.J., Sabtu, 3 Juni 1916 A.D.).

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...