Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Gancaran Warni-warni Ing Jaman Punika, Mellema, 1933, #460 (Hlm. 001-132)

Katalog:Gancaran Warni-warni Ing Jaman Punika, Mellema, 1933, #460
Sambung:
1.Gancaran Warni-warni Ing Jaman Punika, Mellema, 1933, #460 (Hlm. 001-132). Bahasa dan Budaya | Kagunan #241.
2.Gancaran Warni-warni Ing Jaman Punika, Mellema, 1933, #460 (Hlm. 133-269). Bahasa dan Budaya | Kagunan #813.

--- 0 ---

Sêrat Gancaran Warni-Warni ing Jaman Punika

Kangge ing Wulangan, ing Pamulangan

Ingkang ngimpun Tuwan R. L. Mellema Guru Pamulangan Têngahan Bagean Basa Wetanan ing Ngayogyakarta

Bêtawi: J. B. Wolters U M, 1933. Inhoudsopgave

--- 1 ---

Basa Tuwin Kasusastran Jawi.

Anggitanipun SastrawiryaPusaka Jawi 1925, ôngka 9, kaca 134.

Ingkang wajib damêl tatanan utawi têturutan bab panyinaunipun basa tuwin kasusastran Jawi, punika inggih kêdah bôngsa Jawi. Ewadene ngantos dumugi sapriki dèrèng wontên wêwaton ingkang dipun têtêpakên kangge gêgaran utawi têturutan marsudi basa. Para sarjana Jawi ingkang sami kagungan kalangkungan bab basa saha kasusastran Jawi, kenging kawastanan saking talatosing pamarsudinipun piyambak-piyambak. Lêrês kathah sangêt sêrat-sêrat têtilaranipun para pujôngga utawi sarjana ing jaman kina, nanging botên wontên ingkang maligi nêrangakên bab basa. Amila sapunika para sarjana wajib sami miwiti damêl buku-buku basa Jawi ingkang kenging kangge ular-ular saha têturutan marsudi basa Jawi, supados anggampilakên ingkang sami marsudi ing têmbe wingking. Bilih basa Jawi punika sampun padhang katatangatheathe,§ cêtha wela-wela. bausastra gadhah, pranataning panyêrat wontên, paramasastra inggih gadhah, paramabasa, wulangbasa, (ingkang angênahakên panganggening satunggal-tunggaling têmbung) inggih wontên saha punapa ingkang dados kabêtahanipun marsudi basa lajêng cagcêg,

--- 2 ---

punika ingkang arum asmanipun inggih bôngsa Jawi piyambak. Sadaya bôngsa ingkang sampun majêng, pancèn sampun sami gadhah wêwatoning basanipun. Buku-buku ingkang kula aturakên wau salong sampun sami wontên, karanganipun para sarjana ingkang ing jaman sapunika taksih sami sugêng, inggih punika: Prajapustakan, Dwijasewayan tuwin sanès-sanèsipun malih, malah wontên ingkang bôngsa Jawi nama kantun manggih, kados ta: Bausastranipun Paduka Tuwan Rurdhah§ Roorda. dalah Paramasastranipun Bausastranipun Tuwan Wintêr,§ Winter. sêrat-sêrat Kawi wêdalan ing Batawiyas gênutsêkap. Bausastra Kawi yasanipun Paduka Tuwan Yinbol§ Juijnboll. sadaya wau sayêktosipun botên kasêdyaakên kangge mitulungi utawi anggampilakên panyinaunipun bôngsa Jawi dhatêng basa Jawi utawi Kawi, nanging niyatipun kadamêl mitulungi para sarjana Eropah ingkang nêdya sinau basa Jawi utawi Kawi. Sanadyan makatên bôngsa Jawi kados inggih wajib ngaturi panuwun dhatêng para sarjana Eropah ingkang sampun dipun panggih dêdamêlanipun wau, lah sapunika bôngsa Jawi kantun ngrampingakên kadospundi prayoginipun, saha lajêng mewahi damêl buku-buku ingkang mawi basa Jawi jaman sapunika.

Buku-buku ingkang sapunikanipun sampun wontên, punika sadaya sampun nama ular-ular, sagêd dados ancêr-ancêring pangrêmbag, dados kantun ngewahi saprayoginipun lajêng têtêp kenging [ke...]

--- 3 ---

[...nging] dipun limrahakên kangge têturutaning marsudi basa ingkang sah.

Sayêktosipun bôngsa Jawi inggih sampun ragi dangu anggènipun tata-tata badhe nandangi bab punika, ngantos ngêdêgakên pakempalan ingkang nama Mardibasa, saha ngêdalakên sêrat ingkang maligi ngrêmbag basa (Waradarma) nanging eman, kalawarti Waradarma botên lêstantun mêdalipun. Dèrèng dangu Mardibasa ihtiyar badhe nandangi pranataning panyêrat basa Jawi ngangge aksara Jawi, lajêng ngulêmi sadaya pakêmpalanipun para guru Jawi saha para nata Jawi kawan nagari: Kasunanan, Kasultanan, Mangkunêgaran, kalihan Pakualaman tuwin Bale Pustaka, sêdyanipun marsudi basa sampun mungguh sangêt, jalaran yèn sadaya wau sampun golong, tataning panyêrat cara Jawi lajêng sami. Dene sadaya ingkang dipun ulêmi inggih sami ngintunakên wakilipun, para nata ugi paring utusan. Wondene papanipun wontên ing Sriwadari, amila lajêng katêlah nama tatanan sastra Sriwêdari, ananging dumugi sapriki angsal-angsalaning pangrêmbag dèrèng dipun limrahakên (umum) punika inggih eman malih. Pancènipun sawontên-wontênipun lajêng kêdah dipun limrahakên, dene sampurnanipun kalihan dipun ewahi. Anggêripun sabên taun dipun wontênakên konggrès bab basa tuwin kasusastran Jawi, dangu-dangu inggih badhe sampurna. Putusaning konggrès saya dangu masthi sangsaya sae.

--- 4 ---

Wusana punapa ingkang sampun katêtêpakên wontên ing konggrès basa tuwin kasusastran Jawi wau lajêng dipun wrat ing kalawarti Pusaka Jawi. Ngêwrat makatên wau sampun dados wajibipun Pusaka Jawi. Jalaran basa tuwin sastra Jawi punika inggih kalêbêt pusakanipun bôngsa Jawi.

Para sarjana ingkang dhasaripun trêsna dhatêng basa tuwin kasusastran Jawi pancèn inggih sampun kraos bêtah amadhangakên bab punika. Nalika Ingkang Minulya Paduka Tuwan Doktêr D. A. Ringkês§ Dr. D. A. Rinkes. damêl wawasan bab basa tuwin kasusastran Jawi, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 7 ingkang jumênêng sapunika, kala samantên taksih jumênêng juru basa wontên ing Surakarta, sêmunipun panggalih dalêm radi kapranan dhatêng wawasanipun Paduka Tuwan Ringkês wau, amila sanalika wawasan punika lajêng dipun Jawèkakên, awit suraosing wawasan punika sae sangêt tumrap bôngsa Jawi, prasasat anênangi pangraosing bôngsa dhatêng bab basa tuwin sastra Jawi. Salajêngipun pêrtalan wau tumuntên dipun pacak wontên ing sêrat-sêrat kabar Jawi. Ambokmanawi kaparênging karsa dalêm kangjêng gusti wau, suraosing wawasan punika tumuntêna sami dipun raosakên dhatêng sadaya bôngsa Jawi, minôngka pasêksèn, bilih bôngsa Jawi kêdah tumuntên gadhah wêwatoning têturutanipun marsudi basa ingkang gumathok. Kangjêng Gusti Mangkunagara [Mangkunaga...]

--- 5 ---

[...ra] ingkang kaping 7 prasasat paring pitêdah bab pangataging bôngsa Eropah dhatêng bôngsa Jawi nyinau basanipun. Murih sagêd saya kraos saha anênangi panggalihipun para sarjana bôngsa Jawi dhatêng basa saha sastra Jawi. Kados prayogi sangêt bilih wawasan wau dipun ambali kaêcapakên malih, supados botên ical ing salami-laminipun, tansah sagêd dados pangemut-emut. Wondene wawasan wau kula têdhak kados ing ngandhap punika:

Bab Pangudinipun Para Sarjana Bôngsa Eropah dhatêng Basa tuwin Kasusastran Jawi

Nalika para sarjana bôngsa Eropah amiwiti ngudi dhatêng basa tuwin kasusastran Jawi, punika kenging kabasakakên babar pisan botên mawi ular-ular ingkang kenging kangge têturutan utawi wêwaton ing pamarsudinipun, beda sangêt kalihan nalika para sarjana bôngsa Eropah amiwiti ngudi dhatêng basa Sansêkrit utawi basa Arab amargi sadaya bôngsa ingkang anggadhahi basa kêkalih wau kados ta: bôngsa Hindhu, bôngsa Arab, tuwin bôngsa sanès-sanèsipun ingkang sampun kêmpal kalihan bôngsa Hindhu utawi Arab wau, sampun sami amarsudi piyambak dhatêng basanipun, sarta sampun sami gadhah sêrat-sêrat bausastra utawi paramasastra, ingkang kawical sae

--- 6 ---

sarta kenging kangge têturutan ing pamarsudinipun basa tuwin kasusastran. Amila para sarjana bôngsa Eropah namung mligi kantun nyaèkakên dhatêng panata tuwin pangracikipun têmbung ingkang kawrat ing sêrat wau, sagêd lajêng nyêpêng sadaya wêwatonipun. Makatên ugi tumrap pamardinipun sadaya basa ing tanah Eropah. Sintên ingkang badhe marsudi dhatêng salah satunggaling basa wau, sagêd ngangge pintên-pintên sêrat bausastra, paramasastra, paramabasa sapanunggilanipun, ingkang kenging kangge sarana anggampilakên dhatêng pangudinipun. Ananging tumrap pangudinipun basa Jawi punapadene basa tanah ing India sanès-sanèsipun botên makatên. Awit saking punika para sarjana bôngsa Eropah ingkang sami miwiti ngudi dhatêng basa Jawi wau, ing sarèhning bôngsa Jawi piyambak dèrèng gadhah bausastra, dados inggih kapêksa kêdah damêl sêrat bausastra rumiyin, punapadene sêrat paramasastra. Wondene ingkang kakêrsakakên ing kangjêng gupêrnêmèn adamêl sêrat kêkalih wau, nalika samantên panjênênganipun Tuwan Wintêr, tuwin Tuwan Wilkês§ Wilkens. sarta kêkalih-kalihipun inggih kalampahan sagêd anglêksanani punapa ingkang dados dhawuhipun kangjêng gupêrnêmèn wau.

Sêrat bausastra damêlanipun tuwan kêkalih wau, sapriki botên kaêcapakên, amargi karumiyinan wêdalipun bausastra

--- 7 ---

karanganipun sarjana sanès. Ananging sarêng bausastra ingkang sampun kaêcapakên wau, kaêcap malih ingkang kantun piyambak punika, karanganipun tuwan kêkalih wau dipun pêthiki saprêlunipun, sarta lajêng kawêwahakên ing bausastra ingkang kaêcap wau. Wondene sêrat paramasastra karanganipun tuwan kêkalih wau ing têmbung Jawi nalika taun 1861 sampun kaêcapakên. Kajawi punika tuwan kêkalih wau angêcapakên sêrat-sêrat Jawi sawatawis, wontên ingkang mawi kasisihan têmbung Walandi, wontên ingkang botên, anjalari saya gampiling pamarsudinipun têmbung Jawi katimbang kalihan nalika taksih kêdah nêdhak mawi sêratan tangan. Sanèsipun punika Tuwan Wintêr ugi anganggit sêrat kadhapur pawicantênan ing têmbung Jawi. Mênggah isinipun wontên ingkang tumrap kangge pangajaran ing pamulangan, wontên ingkang amratelakakên bab kasusastran Jawi tuwin bab têmbung Jawi Kina (Kawi) punapa malih bab lampah-lampahipun tiyang Jawi anggèning ngolah kasusastran tuwin têmbung Kawi, ingkang nyihnakakên bilih kawruhipun tiyang Jawi dhatêng têmbung Kawi sajatosipun sampun ical sayêktos. Dene wujuding pamarsudi dhatêng kasusastran tuwin têmbung Kawi wau, botên sanès namung ambangun utawi angudhal ingkang sampun lami wontênipun kemawon, botên wontên ingkang kenging kawastanan: damêl ada-ada utawi angwontênakên enggal.

--- 8 ---

Nalika samantên ugi wontên satunggaling tuwan pandhita Srani nama Tuwan Gèrêkê§ Gericke. ingkang damêl bausastra. Sêrat punika salajêngipun dipun lêrêsakên sarta dipun ewahi dening Tuwan Propesor Rurdhah ingkang tansah asasêratan kalihan Tuwan Wintêr. Salajêngipun bausastra wau sabên kaêcap malih mawi katiti sarta karêsikakên malih, ngantos sapunikanipun sagêd dados sêrat wêwaton. Inggih sanadyan dèrèng kenging kawastanan sampurna, nanging sampun têtêp dados pataringanipun bôngsa Jawi tuwin bôngsa ngamônca, manawi prêlu badhe sumêrêp dhatêng têgêsipun têmbung ingkang awis kasrambah.

Kajawi punika Tuwan Wintêr angwêdalakên bausastra Kawi jarwa, inggih punika kalêmpakanipun têmbung-têmbung Kawi ingkang taksih sagêd kacêpêng têgêsipun.

Tuwan Propesor Rurdhah anganggit sêrat paramasastra ingkang taksih lêstantun kangge ngantos dumugi sapriki. Tuwan Propesor Punsên§ Poensen. tuwin Tuwan Walbim§ Walbeehm. lêt sawatawis taun lajêng sami aniru nganggit sêrat paramasastra. Dene sêrat warni tiga wau ingkang katitik prayogi piyambak kangge tuntunaning sinau, sanadyan inggih dèrèng nama tanpa wontên kuciwanipun, sêrat paramasastra anggitanipun Tuwan Walbim.

Kajawi punika lajêng wontên ingkang damêl karangan ingkang ngêwrat pratelan kawontênaning sêrat Jawi, ingkang sampun sumêbar nalika [na...]

--- 9 ---

[...lika] samantên. Karangan wau anjalari para sarjana bôngsa Eropah satêmah lajêng sagêd amiwiti pamarsudinipun dhatêng kasusastran Jawi ingkang mawi waton sacaranipun angudi dhatêng satunggaling kawruh.

Mênggah miwiti marsudi awêwaton kados ingkang kasêbut wau, punika Tuwan Doktêr Kohen Sêtiwar§ Cohen Stuart. ingkang ngwêdalakên Sêrat Baron Sakèndhêr mawi sisihan têmbung Walandi sarta mawi dipun èmbèl-èmbèli katrangan ingkang ngantos salêsih sangêt bab panggandhènging têmbung ingkang kangge wontên ing sêkar. Sasampunipun, Tuwan Kohen Sêtiwar wau lajêng angwêdalakên Sêrat Bratayuda, ingkang botên ngêmungakên mawi kasisihan têmbung Walandi kemawon, nanging murih suraosipun sagêda kasumêrêpan ing akathah, ugi mawi kawêwahan bêbuka ingkang sakalangkung moncèr.§ Énget lampahing oekara welandi! Ing dalêm bêbuka wau Tuwan Kohen Sêtiwar anêrangakên, bilih cariyos Bratayuda punika mèh ngêplêki gancaring cariyos ingkang kasêbut ing satunggaling peranganipun Sêrat Mahabarata ing têmbung Sansêkrit, sarta cariyos ing sadèrèngipun prang Bratayuda ingkang kapratelakakên ing bageaning Sêrat Mahabarata ingkang kasêbut ing nginggil wau, punika kathah sangêt cocogipun kalihan lampahan ringgit purwa. Dene urut-urutanipun lampahan ringgit purwa ugi kapratelakakên pisan wontên ing bêbuka wau.

--- 10 ---

Awit saking punika Tuwan Kohen Sêtiwar lajêng sagêd mastani bilih lêlampahan Bratayuda tuwin sadaya lêlampahan ing sadèrèngipun, punika lampahan ringgit purwa, sarta kalampahanipun botên wontên ing tanah Jawi kados pangintênipun bôngsa Jawi. Salugunipun nalika jaman bôngsa Hindhu gadhah panguwaos agêng wontên ing tanah Jawi, punika mênggah panirunipun bôngsa Hindhu botên ngêmungakên ing bab agami tuwin tata ngadat utawi tata cara kemawon, ananging ugi mawi andhaku sêrat-sêratipun ing sawatawis, ingkang lajêng kasantunan ing têmbung Jawi sarta lajêng kawangun kadosdene sadaya lêlampahan ingkang kasêbut ing sêrat wau kalampahanipun wontên ing tanah Jawi. Pamangunipun wau sarana mawi rêrekan, sakathahing rêdi-rêdi utawi tanah kanamakakên mêndhêt saking nama-nama ing Mahabarata.

Mokal sangêt yèn ta bôngsa Hindhu ingkang mêndhêt cariyos Jawi, jêr nalika bôngsa Hindhu angajawi, têtiyang Jawi taksih bodho sangêt, punapa malih anggènipun bôngsa Hindhu gadhah Sêrat Mahabarata, punika langkung rumiyin katimbang kalihan anggènipun angajawi.

Sasampunipun wontên katrangan kados ingkang kasêbut ing nginggil punika wau, sêrat cariyos Rama lajêng katitik bilih pêthikan saking sêrat Ramayana Hindhu, sarta panunggilanipun sêrat-sêrat [sê...]

--- 11 ---

[...rat-sêrat] Jawi taksih kathah ingkang panganggitipun mêndhêt jêjêr saking cariyos Hindhu.

Sarêng sampun wontên katrangan ingkang samantên, para sarjana bôngsa Eropah lajêng sami gadhah pamanah, bilih pangudinipun basa tuwin kasusastran Jawi punika murih sagêdipun prayogi dipun wiwiti saking sinau dhatêng têmbung Kawi rumiyin, sarta marsudi dhatêng sêrat-sêrat ingkang taksih têmbung Kawi. Ananging sarèhning bôngsa Jawi piyambak sampun botên sagêd dhatêng têmbung Kawi utawi sanadyan taksih sagêd inggih kantun balêjad-balêjad, ngantos manawi nêgêsi namung awêwaton saking kintên-kintên kemawon, dados para sarjana bôngsa Eropah wau pakèwêd anggènipun badhe ngupados sarana sagêdipun têrang dhatêng têmbung Kawi. Ananging sanadyan pakèwêd inggih mêksa sami ambudidaya, ngantos sagêd kalampahan kadumugèn ing sêdyanipun.

Mênggah lampahipun anggèning ambudidaya para sarjana wau têrangipun kados ing ngandhap punika:

Sakawit para sarjana wau kajawi ngudi dhatêng basa Jawi inggih lajêng ngudi dhatêng basa tanah Hindia sanès-sanèsipun. Sarêng sampun dumugi samantên, para sarjana wau sagêd ngyêktosi, bilih basa-basa wau sanadyan kathah bedanipun, nanging ugi kathah ingkang wontên cocogipun, bêbasan ngantos kenging kaupamèkakên sadhèrèk ingkang tunggil rena utawi oyod [o...]

--- 12 ---

[...yod] ingkang tunggil dêlêg. Kawontênanipun têmbung-têmbung ingkang sami, ingkang namung beda ing pakêcapanipun, utawi namung wontên bedaning swaranipun, punika kapetang kathah, sarta mênggah bedanipun wau cêtha sangêt, ngantos kenging dipun pathoki kados ta: aksara r. Ingkang kaapit-apit swara ing têmbung Mlayu, punika wontên ing basa sanès dados h. Kados ta: berat, ing basa Dhayak dados behat. Sarèhning sampun katitik bilih h ingkang ingapit-apit swara punika asring sangêt botên kaungêlakên, kados ta têmbung Jawi kalihatan, kapatihan, namung kaucapakên keliatan, kepatian, môngka luluhing swara ia asring kawancah dados è kados ta: lian dados lèn, mila têmbung Jawi bot lajêng dinalih wancahaning têmbung b, h, t, kados ing basa Dhayak sarta têmbung Mlayu berat kalihan têmbung Jawi bot punika salugunipun têmbung satunggal, punapa malih nitik saking têgêsipun inggih pancèn têmbung satunggal.

r punika watêkipun asring linta-lintu kalihan d. Malah ing basa Jawi piyambak taksih wontên ingkang makatên, kados ta: karaton, kadhaton, sarta têgêsipun mèh sami kemawon. Ing basa Jawi têmbung: ratoe, ing basa Malayu datoe[k]. Sanadyan wontên bedaning têgêsipun, ananging sakalih-kalihipun anggadhahi têgês sami tiyang ingkang luhur drajadipun.

Anglajêngakên bab r, aksara r ingkang dumunung wontên ing

--- 13 ---

pungkasaning têmbung ing basa Acih sarta basa Minangkabo tuwin sanès-sanèsipun, r wau botên kaungêlakên utawi luluh dados aksara h. Kangge wêwahan pasêksèn malih, manawi têmbung Malayu dengar kaicalan, r ipun pungkasan, kantun mungêl denga ing môngka aksara d kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, watêkipun asring linta-lintu kalihan r. Mila manawi ing têmbung denga wau d nipun kasantunan r lajêng dados renga, inggih punika têmbung Jawi roengoe. Saupami wontên ingkang mabêni cocogipun wau namung dumunung wontên ing aksaranipun, nanging sandhanganipun taksih botên sagêd cocog, punika ingkang mabêni makatên wau taksih kenging dipun kawonakên mawi pasaksèn, bilih sandhanganing aksara punika ugi wontên ingkang gadhah watêk linta-lintu, kados ta: dengar punika asring sangêt kaucapakên dados dengor, sarta swara oe ing satunggaling basa punika asring luluh dados swara ê wontênipun ing basa sanès, mila sanadyan têmbung dengar kalihan roengoe punika manawi dèrèng kapatitisakên sayêktos, têbih sungsatipun. Ewa samantên kêdah kaanggêp têmbung satunggal. Awit saking punika basa Jawi kalihan Malayu sanadyan katingalipun beda sangêt, nanging sayêktosipun mênggah jêroanipun kathah ingkang sami, awit aksara ingkang

--- 14 ---

gadhah watêk linta-lintu wontênipun ing têmbung Jawi kalihan ing têmbung Malayu, punika botên ngêmungakên aksara r kemawon ananging kathan panunggilanipun, sarta wêwatêkaning aksara alinta-lintu wau botên ngêmungakên dumunung ing basa Jawi kalihan basa Malayu kemawon, ananging ugi dumunung ing basa tanah India sanèsipun, sadaya wau linta-lintunipun mawi pathokan miturut wêwaton ingkang botên kadamêl ing tiyang. Ananging sanadyan wêwaton wau sanès damêlan, ewa samantên sadaya bôngsa alit-alit ingkang sami gadhah basa piyambak-piyambak inggih sami miturut wêwatonipun piyambak-piyambak.

Sarêng para sarjana bôngsa Eropah saking dening sabar saha talatosing pangudi, sampun sagêd sumêrêp dhatêng pêpathokan linta-lintuning aksara utawi sandhangan kados ingkang kapratelakakên ing nginggil wau ngantos sawatawis kathah, para sarjana wau lajêng sagêd anglajêngakên pamarsudinipun, sarta kajawi nglêmpakakên pathokan sarana amandhing basa, para sarjana wau ugi sagêd ngêcakakên kosok wangsulipun, inggih punika amarsudi basa ingkang dèrèng nate kaudi, nanging upami oyoding kêkajêngan taksih tunggil dêlêg kalihan basa ingkang sampun kaudi, mawia sarana pêpathokan kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

--- 15 ---

Lampah-lampahing pangudi kados makatên wau salajêngipun kaêcakakên tumrap ing basa Jawi Kina mawi kajumbuhakên kalihan katrangan sanès-sanèsipun ingkang sampun kasumêrêpan ing para sarjana bôngsa Eropah. Wontênipun makatên awit para sarjana wau sumêrêp, bilih kawontênanipun têmbung-têmbung ing basa Jawi Kina punika kenging kapilah dados tigang golongan.

Golongan ingkang kapisan, têmbung-têmbung ingkang sapriki taksih kangge ing basa Jawi sapunika, inggih sanadyan kanggenipun ing sapunika sampun mawi ewah sakêdhik ing pakêcapanipun. Golongan ingkang kaping kalih, têmbung-têmbung Sansêkrit. Sanadyan têmbung-têmbung wau kathah ingkang sampun malih sawatawis, ananging taksih kenging katitik aslinipun.

Golongan ingkang kaping tiga, têmbung-têmbung ingkang sapunikanipun dèrèng sagêd kasumêrêpan têgêsipun, inggih punika ingkang sampun sami botên kangge ing basa Jawi. Ananging anèhipun têmbung-têmbung wau sanadyan inggih mawi ewah sakêdhik kados ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng, kathah ingkang taksih lêstantun gêsang ing basa tanah India sanès-sanèsipun ingkang pancèn tunggil dêlêg, kados ta ing basa Malayu, Sunda, Madura, Batak (kathah), Bali (kathah sangêt), Makasar, Dhayak, sapanunggilanipun. Dados manawi badhe marsudi dhatêng basa Jawi

--- 16 ---

Kina, punika sapisan, kêdah sinau basa Jawi (ingkang kangge ing jaman sapunika), kaping kalihipun, kêdah sinau têmbung Sansêkrit, kaping tiganipun, kêdah ngudi basa ing tanah India sanès-sanèsipun, wontêna saking tiga utawi sakawan, sarta sasampunipun lajêng kangge nalêsihakên têmbung-têmbung Jawi Kina ingkang dèrèng sagêd kasumêrêpan têgêsipun, mawi asarana pathokan linta-lintuning aksara utawi sandhangan kados ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng.

Mênggah wêwaton pamarsudinipun basa Kawi kados kasêbut ing nginggil, punika têrang sanès sangêt kalihan wêwaton pamarsudinipun basa Jawi Kina miturut pamanggihipun bôngsa Jawi piyambak. Sagêdipun nêgêsi têmbung kina ingkang dèrèng kasumêrêpan têrang ing têgêsipun, padatan namung saking pangintên-intên kemawon, sarta pambatangipun wau asring namung awêwaton pangathik-athikipun piyambak, tanpa pawitan kawruh sanèsipun kajawi saking basa Jawi jaman sapunika.

Saèstunipun pangudi dhatêng basa Jawi Kina punika sakalangkung angèl, punapa malih manawi ingkang ngawaki nindakakên pangudi wau namung tiyang satungal, pancèn kawratên sangêt, mila pangudi dhatêng basa Jawi Kina wau taksih tangèh sangêt rampungipun. Amargi namung sakêdhik sangêt cacahipun para marsudi ing basa ingkang kadunungan pamanggih tuwin purun kangelan amitulungi [amitu...]

--- 17 ---

[...lungi] bôngsa Jawi ing bab punika. Ingkang makatên punika inggih sampun lêrês kemawon, jêr mênggah pangudi tuwin pamarsudining basa Jawi punapadene pangupakara murih lêstantuning saenipun basa Jawi, punika dumunung dados kuwajibanipun bôngsa Jawi piyambak. Ananging sanadyan makatên, ewasamantên wontên sarjana linangkung kêkalih ingkang purun ngangkati padamêlan ingkang angèlipun samantên wau, sarta inggih saèstu kalampahan angsal damêl kathah sangêt, ngantos kenging kawastanan bilih sadaya ingkang dados paugêranipun sampun kacêpêng. Sasampunipun makatên pamarsudi ing basa Jawi Kina ingkang kantun-kantun, bêbasan lajêng kantun ngênciki pundhakipun para sarjana wau, sagêd lajêng mènèk langkung inggil malih katimbang kalihan ingkang sampun-sampun.

Tuwan kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil wau, inggih punika Tuwan Dhoktêr H. N. Pandhêrtik§ H.N. van der Tuuk. tuwin Tuwan Propesor Dhoktêr Kèrên§ Kern. ingkang sami napak tilas Tuwan Dhoktêr Kohen Sêtiwar.

Tuwan Dhoktêr Pandhêrtik, sasampunipun mêntas sinau dhatêng têmbung Sansêkrit, Mlayu tuwin Jawi, lajêng wiwit sinau dhatêng têmbung Batak. Sasampunipun lajêng nyandhak têmbung Lampung, Minangkabu, Sundha, Madura, sapanunggilanipun. Wasana lajêng katêtêpakên ing kangjêng gupêrmèn manggèn ing pulo Bali, prêlu kadhawuhan sinau dhatêng têmbung Bali ingkang ngantos apsah.

--- 18 ---

Wontênipun kangjêng gupêrmèn dhawuh makatên, amargi nguningani bilih ing Bali taksih kathah sêrat Jawi Kina asli saking têtiyang Jawi Buda ingkang kaplajêng dening kêsuk ing agami Islam, sarta têmbung Jawi Kina têksih kathah sangêt ingkang lêstantun gêsang ing basa Bali.

Tuwan Pandhêrtik kalampahan sagêd anglêmpakakên sêrat Jawi Kina warni-warni (wontên sawatawis ingkang sapulo Bali namung kantun satunggal thil botên wontên panunggilanipun malih) ingkang lajêng kasimpên ing Batawi tuwin ing Lèidhên,§ Wiwit taoen 1928 oegi ing Kirtya - Liefrinck - pakèwêd an der Tuuk ing Singaradja. jêr manawi botên lajêng kasimpên makatên, badhe saèstu ical tanpa lari kados ing tanah Jawi.

Kajawi punika Tuwan Pandhêrtik wau damêl bausastra têmbung Kawi Bali, ingkang jilidipun ôngka sakawan. Ing bausastra wau sadaya têmbung ingkang pamêthikipun saking sêrat-sêrat Jawi Kina mawi dipun têrangakên têgêsipun, sarta dipun wêwahi tuladha kanggenipun têmbung-têmbung wau ing ukara. Mila bausastra wau inggih ngandhar-andhar sangêt, sarta ingkang sagêd ngangge namung para sarjana. Bêgja dene sapunikanipun sampun kaewahan sagêd dipun angge para ingkang sanès sarjana.

Tuwan Propesor Kèrên, ugi ngudi dhatêng basa tanah India warni-warni, ngantos sagêd nêrangakên têgês-têgêsipun têmbung-têmbung Jawi Kina kathah, sarta lajêng ngêcapakên sêrat-sêrat Jawi Kina [Ki...]

--- 19 ---

[...na] tuwin damêl bausastra têmbung Jawi Kina, kabage-bage dados pintên-pintên perangan, ingkang nêrangakên satunggal-tunggaling perang-peranganing têmbung-têmbung wau. Botên sanès inggih namung Tuwan Propesor Kèrên wau ingkang têtêp kenging kawastanan rumêksa, dhatêng têmbung-têmbung Jawi Kina ngantos botên kalajêng ical larinipun, amargi Tuwan Dhoktêr Pandhêrtik salaminipun ugi tansah sêrat-sêratan kalihan Tuwan Propesor Kèrên.

Salajêngipun wontên satunggaling sarjana malih nama Tuwan Dhoktêr Yinbol§ Juynboll. ingkang nglajêngakên dêdamêlanipun Tuwan Propesor Kèrên wau, sarta sasampunipun ngêcapakên sêrat Bratayuda tuwin Sêrat Rama ing têmbung Jawi Kina, Tuwan Dhoktêr Yinbol lajêng damêl bausastra têmbung Jawi Kina ingkang kadamêl ringkêsan, prêlu kangge ular-ular ingkang sami sumêdya mahamakên dhatêng Sêrat Rama wau.

Kajawi ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil para sarjana bôngsa Eropah taksih ngêcakakên ihtiyar warni-warni malih tumrap pangudinipun dhatêng basa tuwin kasusastran Jawi, amargi sintên ingkang sumêdya angandharakên kasusastraning bôngsa ingkang kalayan salêsih, punika tamtu ugi kêdah nyumêrêpi têrang dhatêng sawarnining tatacara tuwin tata ngadatipun bôngsa wau, dados wêwaton ingkang makatên punika ugi tumrap dhatêng pangudinipun kasusastran Jawi.

--- 20 ---

Dumugi samantên anggèn kula mèngêti wawasanipun Ingkang Minulya Paduka Tuwan Dhoktêr Ringkês, bab basa tuwin sastra Jawi ingkang sampun dipun jawèkakên ing Panjênêngan Dalêm Kangjêng Gusti Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 7 nalika taksih jumênêng juru basa ing Surakarta.

Wangsul sapunika kados pundi patrap pratikêlipun damêl tatanan, punika kula sumanggakakên ing panggalihipun para sarjana sujana ingkang trêsna ing basa saha sastra Jawi, jêr inggih panjênênganipun sadaya ingkang kajibah ambangun. Punapa sabên-sabên ngawontênakên pakêmpalan, lajêng ngulêmi para ingkang anggalih bab wau, sabên taun ngawontênakên konggrès, kangge anêtêpakên, bilih sampun kaputus ing konggrès lajêng têtêp kangge têturutan utawi wêwaton. Dene sae saha sampurnanipun, ing ngajêng sampun kula aturakên, inggih kalihan lumampah, anggêripun tansah dipun parsudi dangu-dangu inggih sae, jêr sae dadakan punika inggih botên wontên. Puwungan, sawujud-wujudipun kêdah lajêng dipun angge, anggêripun sami sarujuk, saekakapti sami ngagêm tatanan wau, inggih sampun sakeca. Dene ing têmbe wingking wontên usul badhe ngewahi wêwaton ingkang sampun kaangge wau inggih dipun rêmbag malih. Bilih têtela langkung lêrês, inggih kêdah katampi. Lêrês wêwaton lajêng tansah ewah-ewah,

--- 21 ---

ananging makatên wau botên dados punapa, sabên-sabên tansah ewah, punika nelakakên bilih pamarsudinipun saya majêng. Sadaya kemawon anggêripun tansah dipun parsudi inggih tansah ewah, ewahipun saya sae. Punapa-punapa ingkang tanpa ewah-ewahan, punika botên majêng.

Amila sumôngga para sarjana, saha ingkang sami anggalih ngajêngakên basa tuwin sastra Jawi, tumuntên sami rumagang anggarap damêl milih pundi ingkang dipun kaparêngakên.

Tamtunipun kêdah dipun bage-bage, kawratên sangêt upami dipun ijèni, pambagenipun prayogi wontên ing pakêmpalan, upami:

Kêdah damêl: bausastra Jawi, katêrangakên mawi basa saha sastra Jawi, mêrdèni têgês-têgêsipun têmbung, anggênahakên panganggenipun têmbung, mawi dipun dèkèki tuladhanipun wontên ing ukara.§ Sawatawis woelan malih anggitanipoen W.J.S. Poerwodarminto badhe kaetjapaken. Bêbasan, paribasan, wangsalan, entar, sapanunggilanipun, sukur bage sagêd ngadani: Ènsiklopèdhinipun pisan, mawi rinêngga ing gambar-gambar, nama langkung sampurna malih. Makatên punika lajêng dipun êdum dhatêng para sarjana 10 punapa pintên, dados priyantun satunggal kêbagean 2 aksara. Makatên ugi ngadani: paramabasa, paramasastra, basa Kawi, paramasastra Kawi,§ Ing taoen 1932 prakawis poenika sampoen dipoen leksanani dhatêng W. J. S Poerwodarminto. (Sêrat mardi kawi). bab pangikêting ukara,

--- 22 ---

bab nyêkar macapat, nyêkar agêng, pandamêlipun sangkalan, wangsalan, bausastra têmbung mônca ingkang klêbêt ing basa Jawi, lêlungidaning têmbung, bab nêtêpakên ngoko, madya, krama, krama inggil, sinonimên, saha sanès-sanèsipun. Punika wau sadaya satunggal-tunggalipun kêdah sami dipun but kathah. Sêrat-sêrat ingkang sapunika sampun wontên, kenging kadamêl gêgaran utawi ular-ular anggarap. Dene yèn sampun sae inggih namung kantun ngrampingakên lajêng sah. Têtêp dados waton.

Sayêktosipun sadaya punika inggih pandamêlan ingkang agêng-agêngan, botên cêkap dipun bandhani: kadugi. Ananging kêdah mawi wragad bôndha, bau, budi. Ewadene, kula pitados, bilih para ingkang rumaos kawogan sami saiyêg karsa tumandang, sampun tamtu para luhur, para prayagung inggih badhe paring pitulungan.

--- 23 ---

Punapa Basa Jawi ing Jaman Samangke Punika Kenging dipun Wastani Risak. Manawi mila§ Ing Surakarta: pancèn. Risak, Kadospundi Rekadayanipun Murih Wangsulipun Sae Malih.

Ingkang Nganggit Dwijasewaya

Ing sadèrèngipun kula mangsuli pitakèn ingkang sapisan, badhe kula titi priksa rumiyin, kadospundi kawontênanipun basa Jawi ing sêrat-sêrat, utawi ingkang kangge ing pawicantênan ing jaman rumiyin katimbang ing jaman sapunika.

Mênggah ingkang kula wastani jaman rumiyin punika, tumrapipun sêrat-sêrat, jaman sugêngipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara kaping 4 akalihan swargi Ngabèi Rônggawarsita ing Surakarta, awit mênggahing anggit inggih pujôngga kêkalih punika ingkang asmanipun misuwur dumugi ing jaman sapunika. Wondene tumrapipun basa ingkang kangge ing pawicantênan: ing jaman ênèm kula, dados 30, 40 taun ingkang kapêngkêr, jalaran kula botên sagêd nyumêrêpi jaman ing sangajêngipun.

--- 24 ---

Makatên malih badhe kula pathoki rumiyin, punapa ingkang kula anggêp basa ingkang sae, punapa ingkang luwês, têgêsipun sakeca mênggahing pamirêng, nanging kirang cêtha, liripun manawi dipun raosakên ingkang sayêktos, lajêng botên cêtha suraosipun. Punapa ingkang kirang luwês mênggahing pamirêng, nanging manawi dipun raosakên, sagêd cêtha suraosipun.

Saking pamanggih kula, sarèhning basa punika sajatosipun srana kangge nglairakên karsa, murih dipun mangêrtosana dhatêng ingkang maos utawi ingkang mirêng, dados cêthaning suraos ingkang kêdah kaprêlokakên rumiyin, luwêsing têtêmbungan sawêg dhawah nomêr kalih. Ewadene ingkang utami piyambak sampun têmtu kemawon cêtha sarta luwês, ananging manawi salah satunggal kêdah gothang, prayogi: cêtha kirang luwês, tinimbang kalihan luwês kirang cêtha.

Mênggah kawontênanipun ing jaman sapunika basa Jawi ingkang kangge ing sêsêratan, manawi luwêsipun, botên môntra-môntra yèn mèmpêra akalihan ing jaman rumiyin, nanging cêthanipun, kenging kula wastani majêng, cacadipun, dene asring kaworan ukara utawi têmbung ngamônca ingkang cara Jawinipun wontên.

Wondene basa Jawi ingkang kangge ing pawicantênan, ewah-ewahipun [ewah-...]

--- 25 ---

[...ewahipun] kula yêktosi wiwit ênèm kula kados ing ngandhap punika:

1. Tumrap tiyang ingkang manggèn ing dhusun, dados ingkang botên patos sêsrawungan akalihan bôngsa ngamônca utawi tiyang saking môncanagari, kenging dipun wastani ajêg.

2. Tumrap tiyang kathah ingkang manggèn ing kitha-kitha dados ingkang srawungan akalihan bôngsa ngamônca utawi tiyang saking môncanagari, têmbungipun sami kamomoran têmbung mônca, sanajan cara Jawinipun wontên utawi mindhak têtêmbungan utawi têmbungipun Jawi saking sanès panggenan.

3. Tumrap ingkang sami angsal piwulang saking pamulangan: ingkang sapisan pakêcapanipun kathah ingkang manut sêratan, kaping kalih manawi wicantên taksih kathah têmbungipun ingkang limrahipun namung kangge ing sêratan, ingkang kaping tiga kathah panganggenipun ukara utawi têmbung ngamônca, ingkang cara Jawinipun wontên.

4. Tumrap ing umum: têmbung krama sangsaya mindhak kathahipun, tarkadhang ngantos wontên ingkang ngangge têmbung krama dhusun.

Wusana pitakèn ingkang sapisan sapunika kula wangsuli makatên:

1. Basa Jawi ingkang kangge ing sêsêratan, mundur mênggahing luwês utawi rêsikipun, majêng mênggahing cêthanipun, nanging unduripun [unduri...]

--- 26 ---

[...pun] langkung kathah tinimbang ajêngipun, dados sanajan botên nama risak, nanging kenging dipun wastani mundur.

2. Basa Jawi ingkang kangge ing pawicantênan, tumrapipun para ingkang srawungan akalihan bôngsa utawi basa ngamônca ugi kula wastani mundur, dene sangsaya lami sangsaya kirang rêsik ukara utawi têmbungipun.

Ing sapunika pitakèn ingkang kaping kalih: manawi mila risak, kadospundi rekadayanipun murih wangsulipun sae malih.

Saking pamanggih kula ing jaman samangke punika sampun wontên ihtiyar ingkang prayogi kangge andandosi basa Jawi, inggih punika kajawi ing Surakarta sampun wontên pahêman Radyapustaka, ing pundi-pundi sami tuwuh pakêmpalan Mardibasa, sami murinani badhe risakipun basa Jawi. Ingkang karêmbag warni-warni, ananging ancasipun sadaya sami angajêngakên basa Jawi. Ewadene manah kula ugi dèrèng pitados dhatêng lastantunipun, kuwatosing manah kula manawi kados ingkang sampun-sampun, pakêmpalan ingkang makatên punika adatipun botên lana, ramenipun namung sakêdhap, lajêng sami sidhêm prêmanêm, tanpa sabawa.

Ingkang punika kula atur pamrayogi kangge angajêngakên basa Jawi, kados ing ngandhap punika:

1. Rumiyin kangjêng guprêmèn maringi papan pasinaon basa Jawi

--- 27 ---

dhatêng guru-guru Jawi wontên ing Batawi, ingkang langkung lêbêt tinimbang anggènipun sinau ing pamulangan calon guru, punika prayogi kasuwun gêsangipun malih, sarta ingkang katampèn sinau wontên ing ngriku sampun namung guru-guru kemawon, sanèsipun ugi kaparêngna.

2. Sawarninipun pamulangan agêng ingkang kathah muridipun Jawi, mawia mulangakên basa Jawi sadaya, gurunipun sasagêd-sagêd guru Jawi ingkang sampun sinau kadosdene ingkang kasêbut ing ôngka 1 nginggil punika.

3. Ganjaranipun karangan ingkang kêtampèn ing Bale Pustaka kainggahna ingkang ngantos amenginakên, nanging panimbanging basanipun kakêncêngna. Makatên ugi pamilihipun redhaktur ing Bale Pustaka ngriku ugi kêdah dipun kêncêngi ing atasing kawruhipun basa.

4. Pangrêmbagipun basa Jawi ing pahêman Radyapustaka katataa mawi pranatan nagari. Makatên ugi ing Ngayogyakarta, nagari angwontêna pakêmpalan Mardibasa kadosdene pahêman Radyapustaka ing Surakarta.

5. Sabên taun pakêmpalan, Yapha Insêtitit angêdêgna sayêmbara bab basa Jawi, mawi kagantungan ganjaran ingkang amenginakên.

Makatên pamanggih kula.

--- 28 ---

Dayanipun Têmbung Walandi ing Basa Jawi Sapunika

Pêthikan Saking Wawasan Bab Basa Jawi

Anggitanipun SastraiswayaPusaka Jawi 1926, angka 6, kaca 81.

Ing taun 1522 tiyang Portêgis dhatêng ing tanah Jawi prêlu bêbrayan kalihan Raja Hindhu ing tanah Pasundhan, awit kathah pamêdalipun mrica. Tiyang Portêgis wontênipun ing tanah Jawi botên dangu, mila têmbung-têmbung Portêgis ingkang lumêbêt ing basa Jawi inggih botên sapintêna, kados ta: antero, lêmari, bandera, greja, minggu. Kala ing taun 1596 dhatêngipun bôngsa Walandi ing tanah Jawi. Nalika samantên sêratan Jawi ingkang kabêkta wangsul§ Kadjengipoen: kabekta mantoek. dhatêng nêgarinipun taksih wontên ing lontar. Bôngsa Walandi dhatêngipun ing tanah Jawi punika prêlu dêdagangan, dangu-dangu sagêd ngêrèh tanah Hindia Nèdêrlan. Têmbung Wlandi punika pakêcapanipun tumrap tiyang Jawi angèl, mila tiyang ingkang dèrèng sinau basa Wlandi anggènipun ngucapakên inggih sasêkecanipun kemawon, kados ta: obrus,§ Overste. jendral, mêsin, jas, dhungkrak, utawi domkêras,§ dommekracht. murjangkung,§ Jan Coen. lan sapanunggilanipun.

--- 29 ---

Kula nate dolan dhatêng palabuhan Surabaya, ing ngriku mirêng têmbung: dhrodhog,§ droogdok. tiyang nglampahakên baita mungêl: têrèt§ achteruit. têmbungipun tiyang tani: mès,§ mest. têmbungipun tiyang pandhe: mur, sêkorup, tang, amêr, drèi.§ schroevedraaier. Têmbungipun saradhadhu: mangkir, patroli, kêmandhah, angkil,§ handgeld. têmbungipun sayang: disodhèr (dipatri). Têmbungipun tukang batu: sêtègêr, pandhêmèn, plêstèr. Têmbungipun grêji: mal, nat. Têmbungipun kusir: bong, lis,§ leidsel. ngas. Têmbungipun pulisi: rundha, prosès prêbal, relas, rêpot, dibêslah. Têmbungipun priyantun: sêtor, bênum, disêkorês, mindring, dipun dhèp,§ deponeeren. têmbungipun murid: prèi, lès, diêrès, kursus, surtipikat.

Ing sarèhning bôngsa Walandi wontênipun ing ngriki punika ngêrèhakên, mila inggih kathah pranatan-pranatan ingkang anjalari rumasukipun têmbung Walandi ing basa Jawi.

Saking dangunipun tiyang Jawi kaprentah ing bôngsa Walandi, botên nama anèh bilih tiyang Jawi, langkung malih ing kitha-kitha, tuwin ingkang sêsrawungan kalihan Walandi, basanipun Jawi risak. Mênggah sabab ingkang agêng piyambak inggih punika wontênipun pamulangan Walandi tuwin pamulangan ingkang mawi wulangan basa Wlandi.

Saking dayanipun basa Wlandi, wontênipun basa Jawi sapunika mêmêlas sangêt, têmbung-têmbung Wlandi kathah ingkang dipun êngge ing basa [ba...]

--- 30 ---

[...sa] Jawi, malah wontên ingkang dipun rimbag, dipun atêr-atêri utawi dipun panambangi, kados ta:

Têmbung stort dados nyêtor, disêtor. Têmbung verlof dados: pêrlopa, dipêrlopake. Têmbung voorschot dados dakpêrsêkotane.

Dhapukaning ukara kathah ingkang cengkok Walandi, kados ta: lêmari iku digawe saka kayu, lêrêsipun lêmari iku sing digawe kayu. Kanggone aku ora mupakat lêrêsipun: yèn aku ora rujuk. Iki dluwang kanggo aku, ya. Lêrêsipun: dluwang iki dakpèke, ya. Sapunika Suta sampun botên dados priyantun malih, lêrêsipun, sapunika Suta sampun botên dados priyantun. Gêlang iki dudu êmas, nanging salaka, lêrêsipun gêlang iki dudu êmas, salaka.

Dalah nama-namanipun nagari inggih tumut nyengkok Walandi, upaminipun: Solo, lêrêsipun: Sala. Jukja, lêrêsipun: Ngayogya. Preangêr, lêrêsipun: Priyangan. Seribon, lêrêsipun Cirêbon (Crêbon), langkung malih panyêratipun basa Jawi ngangge aksara Jawi, wah, mêmêlas sangêt.

Margi saking dayanipun basa Walandi, kathah kemawon tiyang, manawi kêpanggih kawanuhanipun badhe nanduki basa Jawi punika

--- 31 ---

ing pangraosipun têka botên sakeca, sajak kirang brêgas, mila inggih lajêng tabikan saha rêmbagan ngangge basa Wlandi. Sapunika kula badhe ngaturakên tuladha basanipun murid:

Ha: Ayo sèh mêngko nyang biyoskup.

Na: Ah, ngrasakne ambiyoskup.

Ha: Geneya, ta, wong malêm Minggu wae, kok.

Na: Malêma Minggu kae, wong sukêmbèn proefwerk jare.

Ha: O, dadi kowe arêp blokkên ngono.

Na: La, marine, wong dhèk rêpêtisi sing dhisik natir kêndhêku vier jare. Nèk sêpisan iki vier manèh rak beroerd aku. Iya jij wis ayêm, biyèn wis olèh zeven.

Ha: Ya wis, blokkêna, aku daknonton dhewe. Wah yamêr lo, sèh, nèk bêngi iki ora nonton filêm bagus kok.

Wontên malih tuladhanipun basa Jawi nyengkok Walandi, inggih punika:

1. Ing sêrat kintunan, titimangsanipun kasêrat ing nginggil, manawi cara Jawi lugu wontên ing ngandhap.

2. Yèn nyêrat dèrèng rampung, môngka sarai sampun kêbak, ing ngandhap lajêng dipun sêrati z.o.z.

Têmbung-têmbung Wlandi ingkang mangsuk ing basa Jawi upaminipun:

--- 32 ---

andhuk, sêpur, klèrêk, kursus, kontan, klinik, kondhèktur, sèp,§ Chef. tuwin sapanunggilanipun.

Nalika pamulangan H. I. S. taksih dados pamulangan Jawi ôngka 1 ing saèngêt kula dipun wulang têmbang. Milanipun kala rumiyin manawi wontên ing pajagongan inggih lêmês, upaminipun pinuju gadhah damêl utawi jagongan bayi lajêng wontên ingkang maos, prêlunipun kangge cagak êlèk, tur inggih sakeca dipun mirêngakên. Sarêng pamulangan ôngka 1 dados H. I. S. wulangan têmbang lajêng mundur, ngantos wontênipun sapunika botên dipun wulang babar pisan, dipun santuni mênyanyi lagu Walandi, awit wontên prêlunipun kangge anggampilakên anggènipun sinau basa Walandi. Saking agênging dayanipun basa Walandi wau, para mudha sami kêrêmênên dhatêng lagu Walandi, ngantos botên ngopèni têmbangipun piyambak. Lah, punapa katêmahanipun ingkang makatên wau. Manawi wontên pajagongan lajêng kèndêl, badhe nêmbang botên sagêd, badhe mênyanyi botên limrah, lajêng kêpêksa nyêpêng krêtu, sanadyan punika dados awisanipun nagari utawi agami, ewasamantên inggih dipun têrak. Margi saking agênging dayanipun basa Walandi, rumasukipun ngantos sumrambah ing dhusun-dhusun. Manawi kula mirêngakên lare dhusun mênyanyi utawi singsot, punika lagunipun têka inggih lagu ngamônca.

--- 33 ---

Basa Mlayu punika dayanipun ugi agêng tumrap basa Jawi. Ukara Jawi kathah ingkang cengkok Mlayu. Têmbung-têmbung Mlayu ingkang kangge ing basa Jawi inggih botên sakêdhik, kados ta: kamar obat, rumah sakit, kamar bolah, rumah makan, main mata, habis bulan, mangsak-mangsak, sampe, pukul, kêmbang api, tuwin sanès-sanèsipun.

Dados sampun têtela bilih basa Jawi punika sampun botên lugu, kathah momoranipun. Sapunika kula badhe ngaturakên kidungan ingkang amot dayanipun basa ngamônca, lagunipun Wien Neerlands Bloed.

Sarjuning tyas saha atur, wilujêng paduka, rawuh wontên bawah ulun, Karangpandhan nami, langkung ing sukur kawula, paduka tumêdhak, bêgja kamayangan, saksat katamuan dewa, dewa kang linangkung.

Kidung punika lagunipun lagu Walandi, têtêmbunganipun Jawi, isinipun amot pêpindhan Hindhu, inggih punika kadospundi bingahipun tiyang manawi katamuan dewa.

Kala wau basa Jawi punika kula upamèkakên tiyang lumampah ing tanah parêdèn. Sêmunipun sapunika badhe wiwit minggah, katôndha saking kathahipun pakêmpalan ingkang ngudi ngajêngakên basa Jawi. Ing sarèhning sampun têtela bilih basa Jawi wiwit gumregah, kados botên wontên awonipun manawi [mana...]

--- 34 ---

[...wi] para mudha Jawi sami karsa urun tuwak, supados mumbulipun basa Jawi sagêda inggil, botênipun nyamèni jaman Rônggawarsitan inggih namung sagêda mèmpêr kemawon.

--- 35 ---

Mingsêding Kasusastran

Anggitanipun Kusumatmaja

Badhe anggayuh kawruh basa Jawi ingkang inggil-inggil, utawi ingkang lêbêt-lêbêt botên kadugi. Sapunika namung badhe ngrêmbag prakawis ingkang lepes-lepesan kemawon.

Têmbung sinau ing samangke sagêd dados nyinau ingkang urutan saking têmbung Walandi bestudeeren, punika tumrapipun dhatêng kuping kula kok nyêngkal têmên. Upami: kowe apa wis nyinau wulangamu. Punika kajêngipun saking têmbung Walandi Heb je je les geleerd.

Yèn cara rumiyin, pitakènipun tiyang sêpuh dhatêng anakipun namung makatên: wulangamu apa wis ko sinau.

Têmbung nyinau yèn wontên ing sêrat-sêrat lami têgêsipun muruki, anggladhi, ngulinakakên, kados ta: nyinau panakawan ingkang badhe konjuk ing kadhaton.

Têmbung nyinau yèn ing samangke kanggenipun gadhah têgês bestudeeren ingkang botên trêp kalihan kajêngipun têmbung bestudeeren wau.

--- 36 ---

Têmbung bestudeeren wontên têgêsipun kawan warni. Yèn tumrap sêsêratan, gadhah têgês maos sêsêratan wau mawi anjingglêng sarta ngangkah murih nyakup dhatêng suraosipun. Punika yèn ing sêrat-sêrat, ingkang kaangge dede têmbung nyinau. Coba kula pêthikakên Sêrat Lokapala, nalika Prabu Arjuna Sasrabau tampi sêratipun Sumantri:

sampun titi panukmaning tulis / mèsêm ing tyas Sri Arjunasasra / sêrat inguncalkên age / mring sagung para ratu / ganti-ganti nupiksa tulis / samya ngungun ing driya / ngandika sang prabu / hèh duta sira balia / umatura mring gustimu Si Sumantri / aja sumêlang driya //

panjaluke pan ingsun turuti / kudu-kudu ngajak prang lan ingwang / lawan dhawuhana kabèh / sagunging para ratu / abarisa kalangan benjing / dèn rame padha surak / têmpuh ing prang pupuh / duta wus ngangsulan sêrat / nêmbah mundur sang prabu ngandika malih / mring sagung para raja //

padha budinên ingkang sayêkti / Si Sumantri mangkono suratnya / apa kang dadi karêpe / Narpati Soda matur / bokmanawi darbèni melik / marang putri Magada / ngandika sang prabu / yèn upama mangkonoa / apa ninggal ing warnane Si Sumantri / bagus trahing atapa //

Ing ngriku têmbung budinên saking tanduk ambudi, suraosipun ragi mèmpêr bestudeeren.

--- 37 ---

Kajawi punika têmbung anggilut utawi ngrasakake pangraos kula inggih mèmpêr kalihan têgêsipun bestudeeren, dene têmbung nyinau punika babar pisan botên mèmpêr.

Ing besuk yèn sêmuan, kowe takkon dadi Citraksi, kuwi sinaunên. Têmbung sinaunên, wontên ing ngriku punika pancèn sampun trêp. Têgêsipun anggladhi utawi ngulinakakên tandang-tanduk.

Bab wulangan inggih katêmbungakên dipun sinau, têgêsipun: dipun angkah murih sagêdipun, sarêng pêrslah dipun sinau, punika ancasipun pangangkah badhe sagêd damêl pêrslah ingkang makatên. Rak botên. Ancasipun namung sagêda nyakup, dados têmbung nyinau utawi dipun sinau, wontên ing ngriku botên tumrap, botên sae. Lah têmbung punapa ingkang mathuk. Pangraos kula ingkang mathuk gilut utawi budi utawi raos, kados ta: dèrèng kula raos-raosakên, dèrèng kula gilut, sampun kula budi.

Punapa sababipun, dene ing sapunika têmbung nyinau kêrêp kaangge ingkang ancasipun iets bestudeeren. Sabab, studeeren têgêsipun sinau. Lajêng kapêndhêt gampilipun: [gampili...]

--- 38 ---

[...pun:] iets bestudeeren kajawèkakên nyinau. Punika kabêkta saking mingsêd-mingsêding jaman. Kasusastran inggih lajêng tumut mingsêd, makatên punika ing jaman samangke kathah panunggilanipun, kados ta: sabagean agêng, kangge anjawèkakên een groot gedeelte. Botên angsal dados kangge anjawèkakên tidak boléh djadi. Taksih kathah panunggilanipun.

Punapa têtêmbungan makatên punika kenging dipun alang-alangi ngrêbdanipun. Kintên kula: angèl sangêt. Punika pancèn sampun dados lampahing basa ingkang taksih gêsang, sabên-sabên ewah saking kajêngipun piyambak. Sanajan ingkang makatên wau sampun kabêkta saking lampahing jaman, ewa samantên tumrapipun tiyang ingkang taksih ngugêmi cara lami, raosipun kados nangis-nangisa manawi mirêng têtêmbungan ingkang nyêngkal-nyêngkal makatên punika. Anamung sanajan dipun tangisana, môngsa sagêda ngêkahi. Pramila ing kalawarti Goeroe Basa wontên priyantun guru ingkang gadhah usul supados sêrat Samenspraken I karanganipun swargi Tuwan Wintêr: dipun pènsiuna, mawi kaganjar mêdhali jênê ingkang agêng, sabab sampun wancinipun sèlèh. Makatên ugi Sêrat Urapsari karanganipun swargi Ki Padmasusastra, ingkang mèh dados sêsulihipun sêratipun Tuwan Wintêr wau inggih

--- 39 ---

kawastanan sampun nusul sêpuh, mèh dumugi wancinipun pènsiun.

Anamung manawi ingkang sêpuh-sêpuh sami pènsiun, rak kêdah wontên ingkang anggêntosi. Sapunika sêrat punapa ingkang kacalonakên kangge gêgêntosipun.

Mangsuli bab mingsêding kasusastran. Têtêmbungan ingkang kaangge pawicantênan punika ewah-ewahipun ragi rikat, ngungkuli ingkang tumrap ing sêsêratan. Ewadene sarèhne ingkang tumraping sêsêratan inggih mingsêd, pramila têtiyang Jawi ing jaman samangke mèh waradin sami botên mangrêtos têtêmbungan Jawi Kina. Malah dhatêng têmbung Jawi ing taun sèwu gangsal atusan kemawon, sampun ngrêkaos. Makatên punika botên namung tumrap tiyang Jawi piyambak kemawon, sanajan bôngsa sanès-sanèsipun racak-racakipun inggih makatên. Botên mangrêtos dhatêng têtêmbunganipun ingkang kina, kados ta: tiyang Itali, yèn botên mawi mrasudi, inggih botên mangrêtos dhatêng têmbung Latin. Tiyang Yunani botên mangrêtos dhatêng basa Yunani kina.

--- 40 ---

Busananing Basa

Anggitanipun Dalil Prawiradiharja§ Pusaka Jawi 1926, angka 2, kaca 15.

Ingkang kula wastani busananing basa punika têtêmbungan utawi ukara, limrahipun namung dados rêrêngganing basa kemawon, inggih punika ingkang ing basa Walandi dipun wastani beeldspraak Beeld jarwanipun: gambar. Gambar ing ngriku kajêngipun gambar ucap-ucapan sarana têtêmbungan, upami: tiyang ingkang rêmên suka pangapuntên dipun wastani: jêmbar manahipun, jêmbaring manah kagambar kados sagantên, lajêng wontên têtêmbungan: mugi karsaa anjêmbarakên sagantên pangapuntên (anglubèrakên sagatên pangapuntên utawi samodra pangaksama).

Tiyang nyênyôngga barang awrat, botên sagêd sasakecanipun kemawon, kêdah ngatos-atos, botên kenging mirang-miring. Mila pandamêlan, têtanggêlan, sêsanggèn, ingkang botên kenging gina gampil, sanès baèn-baèn, punika katêmbungakên: botên kenging sinôngga miring.

Bingah tuwin susah kagambar kados sandhangan, inggih punika [puni...]

--- 41 ---

[...ka] slendhanging ukara: bubuhaning manungsa kaslendhangan bungah lawan susah.

Ukara-ukara ingkang makatên wau, ing basa Jawi kawastanan ukara sagêd anjogèd. Ing ngandhap punika panunggilanipun ukara ingkang sagêd anjogèd, pêthikan saking Sêrat Pustaka Rajapurwa:

Miyarsa pawartos pêpêkênan (babaratan), saking asranging samirana, asraking ampuan, lêpasing gundhala, bêbasan: tutur kêlantur, pawartos katular, ujar pinajarakên janma, . . . têgêsipun: mirêng pawartos ingkang dèrèng kenging pinitados.

Dêlap kawula mugi kalilana anuwila gônda, têmbung ngawu-awu, lêpata ing saru sêsiku, dene kamipurun rumêngkuh angrakêt krama raka dhatêng paduka. Sayêktosipun kawula punika, têbih-têbih inggih taksih kantênan prênahipun, lamat-lamat inggih taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta inggih taksih mambêt gandanipun (taksih kantênan têtalêripun), têgêsipun: nyuwun pangapuntên dene kamipurun nyêbut raka, saèstunipun taksih sadhèrèk, sanajan sampun têbih.

Mênggah tiyang nglairakên krêntêging manahipun, pikajênganipun utawi raosing manah, wontêna ing pawicantênan, wontêna

--- 42 ---

ing sêrat, sasagêd-sagêd masthi murih cêtha, tètèh, luwês, manis, urut, botên wor suh. Awit saking punika pamilihing têmbung-têmbung kêdah patitis, kêdah runtut, mapan utawi lênggah, utaminipun rêsik.

Kajawi makatên, ingkang bêsus ing sastra ugi mawi têtêmbungan utawi ukara minôngka rêrênggan, supados sakeca tuwin nêngsêmakên dhatêng ingkang sami midhangêt. Têtêmbungan punika ingkang kula wastani: busananing basa.

Busananing basa punika wontên pintên-pintên warni, wontên ingkang kangge ing pawicantênan padintênan, wontên ingkang namung kangge ing sêrat-sêrat, tuwin wontên ingkang kangge ing padhalangan. Ing ngriki ingkang kula§ Koela: inggih poenika ingkang ngimpoen sêrat poenika. cariyosakên namung busananing basa ingkang kawastanan pêpindhan.

Pêpindhan punika têtêmbungan utawi ukara, ingkang nyêbutakên punapa-punapa, mawi dipun samèkakên utawi katandhing kalihan sanèsipun, limrahipun mawi têmbung: kaya, kadya, kados, lir, lan sapanunggilanipun. Kajêngipun ingkang ngangge têtêmbungan wau tarkadhang namung mêwahi katrangan, tarkadhang kangge nyangêtakên, tarkadhang namung kangge rêrêngganing basa kemawon.

1. Pêpindhan ingkang kangge pawicantênan padintênan kados ta: dlêjag-dlêjag kaya ajudan, irênge kaya minangsi. Anggêpe [Anggê...]

--- 43 ---

[...pe] kaya priyayi. Kêcute kaya asêm. Paite kaya bratawali. Lêgine kaya gula. Ambune kaya bathang. Jêrone kaya sagara. Padhange kaya awan. Abange kaya dubang. Akèhe kaya sêmut. Anggone turu kaya bathang.

Pêpindhan wontên ingkang dados paribasan, upami: car cor kaya wong kurang janganan - cêblang-cêblung. Kaya klinthing disampar kucing - juwèh. Kaya kêthèk ditulup - lingak-linguk. Kaya mimi lan mintuna - botên pisah. Kênthang-kênthang kaya randhaning bupati - botên pajêng semah malih. Dikêmpit kaya wade - dipun pilala. Bungahe kaya wong nunggang jaran ebeg-ebegan - tanpa taha-taha.

Pêpindhan-pêpindhan ingkang kasêbut ing nginggil wau sami ngangge têmbung: kaya, botên sadaya pêpindhan makatên, wontên ugi ingkang tanpa têmbung: kaya, nanging mawi swara irung, kados ta: andami aking, têgêsipun: kados dami aking, panunggilanipun kados ta: ambanyu mili, ambata rubuh, nyela cêndhani, andamar kanginan, nawon kêmit, ngombak banyu.

2. Pêpindhan ingkang kangge ing sêrat-sêrat.

Ing sêrat-sêrat kathah pêpindhan, ing pawicantênan botên nate kangge. Kajêngipun pêpindhan wau wontên ingkang mêwahi cêthanipun ingkang dipun cariyosakên, dados katingal gawang-gawangan, [gawang-gawang...]

--- 44 ---

[...an,] wontên ingkang kangge nyangêtakên. Dene limrahipun dados rêrêngganing basa. Awit saking punika sêrat-sêrat ingkang kathah pêpindhanipun, sêrat waosanipun tiyang sêpuh, langkung malih sêrat-sêrat ingkang mawi sêkar.

Ing ngandhap punika pêpindhan-pêpindhan, ingkang asring kangge ing sêrat-sêrat gancaran, tuwin ing sêrat ingkang mawi sêkar:

Wutahing wadyabala kadya trunaning udaya (kadya samodra kinêbur). Kang putih kumpul padha putih kaya kuntul nêba, kang abang kumpul padha abang kaya gunung kobar (kaya kêmbang palas), kang irêng kumpul padha irêng kaya dhandhang rêraton, kang kuning kumpul padha kuning kaya kapodhang rêraton. Ingkang seta kadi kuntul sakêthi lumrang. Ingkang abrit kadi wana katunu. Busana maneka warna kadya sêkar ing udyana. Tanagane kaya wong mêndêm gênje. Suraking bala kaya ampuhan. Awake andêdêl kaya diububi. Raosing manah kados kasiram ing toya sawindu. Bêkose lir sima lodra môngsa bêbayangan. Polahe kaya manuk sikatan. Kaya wangan mungsuh sagara. Pangamuke kaya sima arêbut daging (kaya banthèng kêtaton), angkuhe kaya kumêndur angajawa. Kaya Kamajaya lan Ratih. Pêsating mimis kaya lintang ngalih (kaya udan gêni). Pêtêng kukusing obat kaya thathit sarawungan. Bungahe kaya nêmu intên sagunung. Gumuruh wadya wurahan [wurah...]

--- 45 ---

[...an] lir kocaking samodra rob (lir hèrnawa bêntar). Kèhing janma malêdug lir gunung kapuk. Ngalumpruk lir kapuk. Budine lir mênyan kobar. Paguting tingal gapyuk lir kupu atarung. Tandange kaya gajah mêta (kaya jangkrik mambu kili). Polahe kaya prênjak tinaji. Pangungrume kaya brêmara ngisêp sari. Kèhing wadyabala ambalabar lir samodra tanpa têpi. Gumuruh swaraning gubar lan bèri kadya ambêlahna langit. Kèhing pêpati kaya babadan pacing. Para putri sirêp kabèh kaya iwak tinuba. Prigêle kaya kêdhali nyampar banyu. Muyêging ron-ronan kados rêrêngganing gêlung. Sumbare kaya bisa mutungna wêsi gligèn. Gilape kaya nyurêmna soroting srêngenge. Sênggake ngêdhasih. Ombake ngêmbang glagah. Gêthinge tandhês ing balung.

3. Pêpindhan ingkang kangge ing padhalangan.

Ing padhalangan kathah sangêt pêpindhan-pêpindhan ingkang namung dados rêrêngganing basa. Têmbung-têmbungipun sanès têmbung limrah, kapilih ingkang pèni utawi Kawi, kados ta:

Duka katêmbungakên makatên: lir sinêbit talingane, jaja bang mawinga-winga (asumung-sumung, lir sinêcang, lir wora-wari), kadya bêl mêtu dahana, sarira mangutug kadya agni, netra andik mangondar-andir, kumêdut padoning lathi, kang idêp mangada-ada.

Kula nuwun sinuhun wontên ing jawi guguping manah kula [ku...]

--- 46 ---

[...la] kados tinubruk ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat, upami kambêngan salômba pinanjêr ing alun-alun, sakalangkung kumêjot kumitir caruk awor rumaras. Sarêng sampun wontên ngabyantara dalêm, botên anggadhahi manah ingkang kumarasan.

Kinôndha, ya ta sri narendra ingkang kondur ngadhaton kèndêl wontên palataran ing sripanganti, amêngkêrakên warana, angajêngakên regol dana pratapa. Sri narendra sarwi ningali rêrêngganing gapura, pucak sinungan kumala sawohing jênggi agênge, inêbing gapura gêdhah tinulis Sang Hyang Kama Ratih, yèn mênga kadi bedhang sêmayan, yèn minêb kadi pangantèn kapanggih.

Kinôndha sirêping gara-gara, ana mas tiba saka ing wiyati, yèn mas samas kepon, yèn slaka aslaka cèlèng. Sintên ta ingkang mêlik-mêlik kadya dhingklik, mêncorong kadya gênthong, ora maido tejane bandarane, iya Kyai Lurah Sêmar.

Lampah dhadhap anoraga ngrêpèpèh kadya sata mriyêmbada.

Dhasar satriya bagus rinêngga ing busana, sasat Sang Hyang Asmara angejawantah.

Wanodya nêdhêng diwasa ayu warnane, rinêngga ing busana, amimbuhi raras aruming netya kadi murca kinêdhèpna.

Pranyata sri narendra sirna kamanungsane, sasat Sang Hyang Brama

--- 47 ---

angejawantah, rêp sidhêm ing pasewakan tan ana bawane walang ngalisik, sanadyan gêgodhongan tan wontên ebah, kenging pangaribawaning narendra, namung swaraning pandhe, gêndhing kêmasan, ingkang sami taksih nambut karya, imbal raras yayah pradôngga.

4. Pêpindhan ingkang kawastanan: côndra.

Ing basa Jawi wontên pêpindhan ingkang dipun wastani: côndra, punika ugi têtêmbungan utawi ukara, ingkang nyêbutakên punapa-punapa, kasamèkakên barang sanèsipun, limrahipun namung wontên ing gagasan kemawon.

Ingkang dipun côndra limrahipun: 1. Tiyang ingkang sae ing warni, 2. kawontênan§ Ing basa welandi: "natuur".

1. Candraning tiyang, punika pêpiridaning warni.

Ha. Côndra ingkang ngangge têmbung: kaya, lir, lan sanès-sanèsipun, kados ta: cahyane nglayung kaya rêmbulan rurus kang sarira kadi ingongotan, wadana kadya binubud, kadya gambar wêwangunan, wênês ijo kang sarira kadya kancana sinangling, wajanya lir mirah (mutyara) sinundukan, sinome lir lunging pakis kabaratan, untune rata putih lir ombaking warih, kang cahya lir basanta.

Na. Côndra ingkang tanpa têmbung: kaya, kadya, lan sanès-sanèsipun kados ta: kuninge nêmu giring, pundhake nraju [nra...]

--- 48 ---

[...ju] mas, bathuke nyela cêndhani, athi-athi ngudhup turi, rambute ngêmbang bakung, rambute ngandhan-andhan, untune miji timun, pipine andurèn sajuring, lambene anggula satêmplik, lêngêne anggandhewa gadhing, lêngêne anggandhewa pinênthang, lembehane amblarak sêmpal.

Pêpindhan-pêpindhan côndra-côndra ing nginggil wau sadaya botên kenging dipun ewahi (dipun anggit), kajawi makatên, manawi kamanah-manah mulabukanipun, utawi sababipun, asring botên sagêd andungkap, upami:

Bathuk sae kacôndra: nyela cêndhani. Punika kadospundi sababipun, dene kasamèkakên kalihan sela cêndhani, botên kasumêrêpan punapa waradinipun, punapa lumêripun. Makatên ugi côndra tuwin pêpindhan sanèsipun, upami: kaya wangan mungsuh sagara, budine lir mênyan kobar, paguting tingal gapyuk lir kupu atarung, pangungrume lir bêrmara ngisêp sari, pipine andurèn sajuring.

2. Candraning kawontênan.

Punika limrahipun nyariyosakên punapa-punapa, sarana katêmbungakên utawi kaèmpêr-èmpêr kados tiyang, kados ta:

sêsêndhonan sênggak-sênggak atri / obahira camara ing arga / kadi kayungyun esthane / mring para sura wadu /

--- 49 ---

kayu manis singup kaèksi / sinomira ngrêmbaka / lêngêng esthanipun / lir ngêngudang payudara / anambrana arum ingkang anyar prapti / gumlaring wanawasa (Wiwaha Jarwa) //

Côndra ing nginggil punika wontên pêpindhanipun: ebahing wit camara kados kasmaran, ron kados ngêngudang payudara, kados ambagèkakên para widadari.

Pêthikan saking Sêrat Bratayuda cêkakan:

Sakathahing kalangênan urut margi, ingkang dipun ambah Prabu Krêsna, sêmunipun sami prihatos: ebahipun godhonging wit waringin sêmunipun kados tiyang jalêr kêsusahan, amargi kêcuwan anggènipun badhe karon jiwa. Pucaking gapura èmpêripun kados ngajêng-ajêng enggale rawuhipun Prabu Krêsna. Baunipun ing gapura kados badhe nyêmbah dhumatêng ingkang rawuh. êpanging wit capaka sapinggiring margi katêmpuh ing angin, sêmunipun kados astanipun Dèwi Banowati, angawe-awe pitakèn dhatêng Prabu Krêsna, punapa Radèn Janaka andhèrèk. Swaraning ratanipun sang nata, sarta gêbyaring sêsotya rêrêngganipun, kados anyauri sarta ngujiwati ingkang pitakèn. Wondening sauripun: Si Janaka ora milu ngiring, isih kèri ana ing Wiratha, kadang-kadange siji ora ana sing milu. Êpang kanginan èmpêripun kados tiyang mengo, botên kadugi ing wangsulan wau, awit Radèn Janaka botên andhèrèk [a...]

--- 50 ---

[...ndhèrèk] dhatêng nagari Ngastina anjabêl nagarinipun. Sêkar-sêkar ing margi èmpêripun kados badhe rêntah ing jurang, wit-witan ingkang wontên pinggir margi katêmpuh ing angin, godhongipun abosah-basih, sêmunipun kados tiyang prihatos, dene Pandhawa botên wontên tumut ...

Candraning kawontênan wau kenging kaanggit.

5. Pêpindhan ingkang kawastanan sanepa.

Ing basa Jawi wontên têtêmbungan ingkang kawastanan: sanepa, punika ugi pêpindhan, nanging wontên bedanipun sawatawis, inggih punika nyêbutakên punapa-punapa katandhing kalihan sanèsipun, nanging langkung saking ingkang dipun upamèni, upami: èsême pait kilang, èsêm kathandhing kalihan kilang, kilang kaanggêp pait taksih lêgi èsêmipun, têgêsipun: èsêmipun manis sangêt. Sanepa sanèsipun kados ta: èsême pait madu, tingale pait madu, tingale pait kilang, ambune arum jamban, tatune arang kranjang, rindhik asu digitik, rênggang gula, landhêp dhêngkul, bêning lêri, lonjong botor (mimis), kumêpyur pulut, cumbu lalêr.

Sanepa punika botên kenging dipun anggit.

--- 51 ---

Mèngêti Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 4. Sêsorah Damêlanipun Tuwan Dhoktêr Piso mawi Basa Walandi

Kajawèkakên dening Rêdhaksi Yapha Insêtitit

Dintênipun punika§ Kaping 7 Ogustus 1927. kalêrês dintên wiyosanipun taunan swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV têtêp 120 taun utawi 15 windu kapetang saking titimôngsa miyosipun.

Panggalihipun kangjêng gusti pangeran adipati ingkang jumênêng samangke, amèngêti dintên wiyosan wau sarana mawi kawiwaha sawatawis, punika nama sampun mungguh sangêt, jêr wosing karsanipun badhe angluhurakên asmanipun priyagung Jawi ingkang jêmbar ing panggalih miwah ingkang kawignyanipun sarta mênggah kuncaraning asmanipun, ingatasing kalangkunganipun ing bab kasusastran Jawi ing dalêm babad jaman Surakarta, namung satunggal kalih ingkang nyamèni, lêlabêtanipun ing babagan warni-warni agêng sangêt, kados ta ing bab mangrèh lampahing praja tuwin mranata murih santosa adêging praja Mangkunagaran, dumugining kawontênan ingkang miturut jaman samangke kasêbut prayogi, punika

--- 52 ---

ingkang masang talês dhêdhasaranipun mèh sadaya kemawon kenging kawastanan saking suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 4. Kawontênaning pasitèn ing Blabag, katata langkung prayogi. Lampahing toya oncoran katata langkung sae sarana angwontênakên bêndungan-bêndungan, yêyasan ingkang minôngka panggaotan nagari kawontênakên sarana angadêgakên pabrik gêndhis ing Calamadu (Malangjiwan), tuwin ing Tasikmadu (Sondakara) saha angwontênakên kabudidayan pakopèn, sadaya wau murih wêwahing tata raharjaning praja sarta santosaning arta nagari. Kajawi ing babagan punika, wontên malih lêlabêtanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 4 ing babagan sanès ingkang bokmanawi sami agêngipun, kados ta ing bab kasusastran Jawi, kathah anggitanipun sêrat-sêrat ingkang mratandhakakên inggil saha alusing kagunanipun, makatên ugi ing bab gêndhing gêndhèng, inggih kathah iyasanipun. Para sarjana ingkang ahli ngarang sêrat saha ingkang marsudi dhatêng kagunan Jawi, kathah ingkang sami kabombong manahipun saha kabiyantu dening panjênênganipun.

Ing mangke prayogi amèngêti lêlampahanipun sawatawis rumiyin nalika taksih timur dumugi diwasanipun.

Ingkang jumênêng dados Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang kapisan, punika wayah Dalêm Ingkang Sinuhun [Sinuhu...]

--- 53 ---

[...n] Kangjêng Susuhunan Amangkurat 4 ing Kartasura, kaponakan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana 2 ingkang jumênêng sakawit wontên ing Surakarta. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 2 punika wayahipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 1 saking pancêr kakung, dene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 3 punika wayahipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 2 nanging saking pancêr putri. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 4 punika nak-dhèrèk saking rama tuwin ibu kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara 3, dados inggih sami wayahipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 2 saking ibu.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 4 punika sadèrèngipun jumênêng ngasta pusaraning praja Mangkunagaran, apêparab Radèn Mas Ariya Gôndakusuma, lajêng asêsilih Pangeran Ariya Gôndakusuma, dados panjênênganipun punika nadyan trahing Mangkunagara, nanging sanès putra Mangkunagara ingkang wiwit miyos kalêrês gumantos, ugi sanès putranipun ingkang pambajêng saking ingkang rama Kangjêng Pangeran Hadiwijaya 1 ing Surakarta. Panjênênganipun punika kalêrês canggah dalêm Kangjêng Susuhunan Amangkurat 4 ing Kartasura, kaurutakên saking ingkang rama.

--- 54 ---

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 4 punika miyosipun nalika taun Jawi 1738, taun Walandi 1811. Sasedanipun ingkang rama, panjênênganipun taksih timur, lajêng kapupu ingkang raka nak-dhèrèk, ingkang têmbenipun jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 3. Nalika jaman samantên para putraning bôngsa luhur dèrèng wontên caranipun dipun sinaokakên ing pamulangan kados jaman samangke, dados sinaunipun inggih lugu cara Jawi Kina.

Nalika samantên pangudi dhatêng saliring kawruh botên patos dipun prêlokakên, ingkang dipun prêlokakên sangêt pamêlêk andhangir bêbudèn, murih thukuling kasantosaning manah. Dene pandhangiring bêbudèn wau anggèning ngêcakakên mawi pêpathokan bêktan saking piwulang tuwin pamanggih kina-kumina, ingkang sampun ngoyod tumancêp ing têlênging pamanahanipun tiyang Jawi. Pamardi§ Ing basa wêlandi: Opvoeding. ingkang makatên prasasat botên kenging kawastanan pamardi, mila prayogi kawastanan anjagi supados lare sagêd dados tiyang. Sampun tamtu kemawon sintên ingkang kapardi manut cara ingkang kapratelakakên ing nginggil wau kêdah kathah waosanipun saha sêsêrêpanipun ingkang kanthi dipun suraos, dhatêng sêrat-sêrat babad tanah Jawi tuwin cêcariyosan ringgit. Kasusastran angsal-angsalanipun [ang...]

--- 55 ---

[...sal-angsalanipun] saking maos tuwin nyuraos sêrat-sêrat wau sagêd angwontênakên tuladha dhatêng ingkang kadunungan lantiping budi, ingkang kenging kangge pêpiridan, kangge angwontênakên wêwadhahing pamanggih bab anggagapi dhatêng kajênging lêlampahan, ingkang botên kenging katêrangakên cêtha mênggah ing têgêsipun, nanging kababar wontên ing ebah osiking jaman.

Lêlampahanipun Radèn Mas Ariya Gôndakusuma ingkang ugi prêlu dipun sumêrêpi, punika nalika panjênênganipun dados upsir lesiun Mangkunagaran, salajêngipun dados komandhan salah satunggaling golongan ingkang kalurugakên prang Dipanagaran (taun Walandi 1826 dumugi 1830), nalika samantên praja Mangkunagaran ambiyantu kangjêng guprêmèn, anjalari rêrêsah wau botên sagêd ngantos mrèmèn dhatêng Surakarta. Radèn Mas Ariya Gôndakusuma salêbêtipun akiring paprangan dados komandhan garnisun ing bètèng-bètèng sawatawis ingkang kaadêgakên ing bawah paresidhenan Surakarta.

Anggènipun Radèn Mas Ariya Gôndakusuma nindakakên kawajiban wontên ing têba punika kintênipun ingkang anjalari mêkaring bêbudèn saha panggalihipun, kabêkta saking sêsrawunganipun kalihan golongan warni-warni, kados ta: anyipati

--- 56 ---

lampah jantranipun tiyang padhusunan utawi malih supêkêting sêsrawunganipun kalihan bôngsa Eropah, para upsir sarta amtênar Walandi, punika bokmanawi inggih wiwit nalika samantên, wêkdal sami kêkancan wontên ing têba utawi ing bètèng-bètèng. Makatên malih anggènipun Radèn Mas Ariya Gôndakusuma nyambut damêl ing sajawinipun kitha ngantos sawatawis laminipun, punika kintên-kintên ingkang anjalari rêmênipun dhatêng sakathahing kawontênaning kodrat ing têba saha kathahing sêsêrêpan dhatêng tanêm tuwuh tuwin rajakaya.

Ngajêngakên sirêpipun prang Dipanagaran, Radèn Mas Ariya Gôndakusuma wau katimbalan mantuk, mantun nindhihi wadyabala legiun, sarta lajêng kadhawuhan nyambut damêl dados narapraja ing Mangkunagaran. Nalika samantên Radèn Mas Ariya Gôndakusuma wau sampun katingal kalangkunganipun. Botên dangu panjênênganipun lajêng katamtokakên nindakakên pandamêlan bupati patih mangagêngi para nara praja ing Mangkunagaran, inggih punika salêbêtipun jaman jumênêngipun ingkang raka nak-dhèrèk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 3 (taun Jawi 1765 utawi taun Walandi 1837), wasana ing taun 1778 utawi 1850 kajumênêngakên dados pangeran.

Sampun tamtu kemawon sêsêrêpan anggèning nindakakên [nindakakê...]

--- 57 ---

[...n] padamêlan ngantos sawatawis laminipun wontên ing têba wau dados pawitan agêng, panjênênganipun paham dhatêng tata caraning prajurit sarta paham dhatêng kawontênaning padhusunan, mila salêbêtipun angèl-angèling nindakakên paprentahan murih tata têntrêming nagari ing tanah Jawi Têngah sabibaring dahuru, panjênênganipun sagêd angatingalakên kawignyanipun ing bab nata praja, ngantos andadosakên pikantukipun praja Mangkunagaran.

Sarèhning sasedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara 3 botên atilar putra kakung ingkang kalêrês gumantos, mila Kangjêng Pangeran Ariya Gôndakusuma wau lajêng katamtokakên gumantos jumênêng Mangkunagara. Nalika jumênêng panjênênganipun yuswa 43 taun, dene lamining jumênêngipun Mangkunagara miturut pêpetangan taun Jawi wiwit taun 1781 dumugi 1810 utawi taun Walandi 1858 dumugi 1881.

--- 58 ---

Kangjêng Gusti Mangkunagara 4 Pujôngga tur Ahli Kawruh Kabatosan

Sumbanganipun Radèn Tumênggung Wedyadiningrat§ Pusaka Jawi 1924, angka 11, kaca 167.

Swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara 4 punika kala sugêngipun nunggil jaman kalihan pujôngga agêng ingkang sampun misuwur Radèn Ngabèi Rônggawarsita. Kangjêng Gusti kagungan têtilaran karangan warni-warni, sarta wontên ingkang mêntas kawêdalakên dening Ngabèi Padmasusastra sawarni piwulang. Karangan wau ikêtaning sêkaran pèni sangêt saha piwulangipun mranani sarta nyênêngakên manah, pangrakiting piwulang ingkang sinawung ing sêkar sampun nelakakên bilih karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara botên kantun kalihan yasanipun para pujôngga ing jaman kina. Pangarangipun kadamêl sêkar macapat (sêkar alit ingkang limrah ing jaman sapunika) anggalênyèh pakêcapanipun sakeca tètèh. Dene suraosipun cêtha, punapa malih ikêtanipun sêkaran inggih sampun anglênggahi lêrêsipun, saukara-ukaranipun kados sampun kinodrat botên wontên têtêmbunganipun ingkang anggarênjêl utawi kithal. Kala-kala ugi ngagêm têmbung Arab, ananging inggih têmbung Arab ingkang sampun sumrambah ing akathah. Punapa malih [ma...]

--- 59 ---

[...lih] purwakanthinipun, kêrêp sangêt anênangi pangraos ingkang nglangut, tuladhanipun kados ta:

mingkar-mingkuring angkara / akarana karênan mardi siwi / sinawung rêsmining kidung / sinuba sinukarta / mrih krêtarta pakartining ngèlmu ukur / kang tumrap nèng tanah Jawa / agama agêming aji //

jinêjêr nèng Wedhatama / mrih tan kêmba kêmbênganing budiKurang satu suku-kata: mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi. ...

Sampun maratah sadaya sami mastani bilih karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara 4 punika, sanadyan botên dipun sêkarakên pisan pamaosipun botên angicalakên èdining suraosipun. Saha pangrakiting wangsalan inggih makatên, kados ingkang kawrat ing Paliwara tuwin Palimarma, namung dipun waos gancaran (maca kôndha) inggih luwês.

Jênu tawa (tungkul) pisang gônda wangi (garaita) / aja tungkul kulup dèn graita / Ragusuta (Rama) mardi jêne (sêpuh) / ramanta pan wus sêpuh / wisma aglar ing pôncaniti (paseban) / dèn kêrêp sebanana / prabatanging pantun (dami) / dimèn paring wulang sira / patri wastra (ular-ular) garinging mina jaladri (gêrèh) / nalar pangrèhing praja //

Guru agêng bôngsa Prasman Gabatan ngandika makatên: ingkang dipun wastani wangsalan, punika kathah èmpêripun kalihan charades ing tanah Prangkrik Jawinipun cangkriman ingkang sinawung ing kidung, upaminipun charades punika makatên: têmbung

--- 60 ---

ingkang ngajêng (chien) sagawon, têmbung wingkingipun utawi candhakipun (dent) untu, inggih punika pirantos kangge nêdha sadaya (punapa-punapa), dene sadaya (chiendent = hondsgras) namaning têtanêman ingkang dados têdhanipun sagawon.

Ikêtaning sêsêkaran punika anggêripun cêtha saha urut suraosipun, inggih sampun nama brêgas. Amila botên kaladuk bilih amastani Kangjêng Gusti Mangkunagara 4 punika ahli basa saha kawruh kabatosan. Basa ing ngriki sampun kagalih sami kalihan têmbung terminologie cara Europa, jalaran kathah lèrègipun dhatêng babagan agami utawi langkung patitis malih yèn kawastanan: kabatosan.

Sayêktosipun ingkang dipun angge dhêdhasaring karangan wau namung bab pangawasaning Pangeran (Gusti Allah) punika dipun agêm panggulawênthah utawi wulang wuruk, kaluhuraning tekad kasucian saha kawruh kabatosan. Amila anggitan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara 4 wau botên mrêlokakên brêgasing ukaranipun kemawon, sajatosipun taksih wontên kajêngipun ingkang langkung lêbêt, babagan kasucian utawi kabatosan. Ing ngriki pancên sanès papanipun upami nglajêngna ngoncèki suraosing anggitan dalêm kangjêng gusti wau, ananging namung badhe mratelakakên bilih sêrat-sêrat karangan têtilaranipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara [Mangkunaga...]

--- 61 ---

[...ra] 4 punika botên kantun kalihan karanganipun para pujôngga, kados atur kula ing nginggil wau.

Paringipun piwulang dhatêng para putra putri tuwin putra kakung, dhatêng para priyantun, para prajurit, para pangrèh praja saha ingkang badhe ingkang gumantos jumênêng nata, sadaya kawrat wontên ing sêrat piwulang. Ing ngriku ingkang kadamêl tuladha: Wiryawiyata, kadospundi anggènipun anêtêpi wajibing prajurit, kêdah luhur, yèn nistha asor têmahanipun. Wontên malih wulang ingkang mungêl: emuta, bilih pangabêkti dhatêng Pangeran punika botên ngamungakên sêmbahyang, ananging sadaya tiyang ingkang nyambut damêl kanthi anêtêpi kawajiban saha tumêmên, punika inggih sampun dados pangabêkti.

Ing buku Sruti, mratelakakên, bilih tapanipun prajurit punika wontên ing pucuking dêdamêl, dene tapanipun para pandhita wontên ing pucuking rêdi, punika sampun sami kemawon darajatipun.

Ngangkah kalangkungan punika botên kenging anjarag ngupados pêjah, jêr pêjah makatên botên kawisesa ing manungsa, ananging muhung gumantung dhatêng Pangeran piyambak. Yèn pêjah punika sampun badhe andhatêngi, tanpa milih margi. Amila aluwung pêjah wontên ing griya, sanajan ingatasipun para prajurit makatên wau kaanggêp awon, yèn katimbang pêjah ingkang dipun [di...]

--- 62 ---

[...pun] jarag sanajan pêjahipun wontên ing paprangan kados upaminipun Radèn Ôngkawijaya ingkang nglabuhi Pandhawa (wiwit Bratayuda).

Ing buku Nayakawara, ingkang pancèn namung kagêm para priyantun, wontên ingkang nyêbutakên: sampeyan ingkang tinanggênah niti pariksa tiyang alit, nata têntrêm saha wilujêngipun, rumaosa bilih makatên wau têtêp dados têtanggêlan sampeyan, wajib aparing piwulang anggênahakên, punapa paedahipun nyambut damêl, kadospundi wajibipun tiyang gadhah rajakaya saha papan pemahan, sabab punika ingkang gêgandhengan kalihan kuwajiban anggènipun gadhah bale griya saha anggènipun mêngku tiyang sagriya.

Sae sangêt piwulangipun ingkang kawrat ing Sêrat Darmalaksita tumrap para somahan. Langkung malih tumrap para anak èstri. Dene tumrap para anak jalêr saha ingkang dados prajurit, kawrat ing Sêrat Tripama.

Nitik wulangipun Tripama, sampun cêtha bilih kawruh kabatosan makatên pancèn dados dhêdhasaripun bôngsa Jawi. Ingkang dipun angge tuladha wontên ing Sêrat Tripama inggih punika lêlabuhanipun Patih Suwônda, Karna, saha Kumbakarna, sami sêtya sarta nêtêpi dhatêng kawajibaning kasatriyan. Lêrês satriya têtiga wau sami beda-beda kawontênanipun, [kawontê...]

--- 63 ---

[...nanipun,] ananging makatên wau namung kalairanipun kemawon, sayêktosipun ing kajatèn sami. Inggih muhung kawruh kajatèn punika ingkang têtêp utawi langgêng pangaosipun, amila prêlu kêdah ginayuh ing sadhengah manungsa.

Gêgayuhan ingkang makatên wau saya cêtha malih wontên ing anggitan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara 4 ing buku Wedhatama. Wontên ing ngriku Kangjêng Gusti 4 anggêlarakên warni-warni ingkang tundonipun nênangi bab kasampurnan saha kamirahaning Pangeran. Wiwitanipun wontên ing sêkar Pucung mratelakakên bab ingkang prêlu sangêt, inggih punika kawruh utawi ngèlmu makatên kêdah dipun lampahi. Dene sagêdipun kalampahan namung manawi mantêp sarta tumêmên sinartan sagêd ngêrèh hawa nêpsu.

Ing wiwitanipun sêkar Gambuh mratelakakên panêmbah punika wontên kawan warni, inggih punika sêmbahipun raga, sêmbahipun cipta, sêmbahipun jiwa, saha sêmbahipun rasa. Sêmbah ingkang wiwitan punika taksih kenging kaanggêp pamêsu, kanthi kasantosaning tekad. Dene sêmbahing rasa punika botên wontên katranganipun kajawi tiyang ingkang sampun angsal kamirahan sagêd katarbuka jiwanipun, sagêd ngraosakên.

Sêmbah ingkang kaping tiga kenging kaanggêp kadosdene pêpuntoning panggayuh, kêdah tansah awas saha emut pamusthinipun [pamusthinipu...]

--- 64 ---

[...n] kasipatakên ing kalanggêngan. Punapadene ing ngriku ugi sampun mawi sêsorah kadospundi panindakipun babagan kawruh kabatosan, kados ta: niyat ingkang sagêd anggêsangakên budi (pangarêp uriping budi). Makatên wau namung dumunung wontên ing satunggil-tunggilipun tiyang.

Para sagêd ing jaman sapunika awis-awis ingkang sagêd ngrêtos ikêtan têmbung Kawi kadosdene Kangjêng Gusti Mangkunagara 4.

Prayogi sangêt upami para sarjana Jawi sapunika sami nyinau karanganipun Kangjêng Gusti 4 wau kangge anggêgêsang kasagêdan bab nyêkar (têmbang) saha kawruh kamanusan utawi kajiwan.

--- 65 ---

Innalillahi Wainna Illaihi Rajingun

Pèngêtan Ajalipun Mas Ngabèi Wirapustaka

Karanganipun Rêdaksi Pusaka Jawi

Nalika dintên Sênèn Wage kaping 1 Pèbruari 1926 wanci jam 8 enjing, Mas Ngabèi Prajapustaka, Panèwu garap kapatihan Surakarta ingkang sampun pènsiun atilar donya, dumugi umur 86 taun (taun Jawi).

Para maos bokmanawi kathah ingkang katambêtan dhatêng Mas Ngabèi Prajapustaka wau. Mas Ngabèi Prajapustaka bôngsa Jawi ingkang marsudi kasusastran Jawi, kathah sêrat-sêrat anggitanipun piyambak ing bab kasusastran Jawi, tuwin cariyos gancaran punapadene sêrat anggitanipun sarjana sujana ingkang kawêdalakên sarta sumêbar ing akathah. Sêrat anggitanipun piyambak: Paramabasa, Urapsari, Warnabasa, Têmbung Bêcik, Rangsangtuban, Tatacara, Pathibasa, Hariwara, sarta taksih wontên panunggilanipun malih. Ingkang dede karanganipun piyambak sêkar-sêkaran, Buratwangi, sarta sapanunggilanipun malih taksih kathah, punika ingkang [ing...]

--- 66 ---

[...kang] ngêdalakên Mas Ngabèi Prajapustaka. Nguningani dhatêng sêrat-sêrat punika, panjênêngan bokmanawi lajêng têrang sintên Mas Ngabèi Prajapustaka punika, ing ngajêng nama Mas Ngabèi Wirapustaka, saha nalika taksih mardika nama Ki Padmasusastra.

Jaman alitanipun Mas Ngabèi Prajapustaka dèrèng jaman pamulangan, nanging wiwit ngumur 6 taun sampun pinardi ing sastra dhatêng bapakipun, dumugi umur 9 taun sagêd maos sarta nyêrat Jawi tuwin Malayu (Latin), jaman samantên dados pangeram-eram tuwin adamêl gawoking akathah. Umur 9 taun wau dipun sèlèhi kalênggahaning bapa dados mantri gêdhong kiwa nama Ngabèi Kartadirana, dipun parabi Gus Bèi.§ Taksih alit pantês angsal sêsêbutan Bagus sampun dados Ngabèi.

Umur 19 taun minggah pangkat dados mantri sadasa (panèwu jaksa nèm) nama Ngabèi Bôngsayuda. Salajêngipun kapêthik nyambut damêl wontên ing kantor kapatihan. Wasana sarêng sampun sawatawis taun minggah dados panèwu jaksa gêdhong kiwa nama Ngabèi Kartipradata. Watawis umur 42 taun kèndêl anggèning dados abdi dalêm, dados tiyang mardika, nama Ki Padmasusastra.

Samantên Ki Padmasusastra dipun kanthi sowan Phan dêr Phanvan der Pant. guru ing pamulangan Gimnasium ing Batawi, kapurih nênuntun tètèhing pakêcapan Jawi, sasaminipun ing bab basa Jawi. Wiwit [Wi...]

--- 67 ---

[...wit] samantên Ki Padma alihan agêgriya ing Batawi sarta lajêng sagêd sêsrawungan kalihan para sarjana bôngsa Eropah. Awit saking punika katêtangi manahipun marsudi basa Jawi. Brêkating tabêri saha talatos ing pangudinipun, kasambadan ing sêdya lajêng sumêrêp dhatêng alang ujuring basa Jawi.

Ingkang kaping kalih Ki Padmasusastra dipun kanthi dhatêng Tuwan Walbèm§ Walbeehm. wasana dipun kanthi Tuwan dhê Noi.§ de Nooij. Nalika Tuwan dhê Noi prêlop dhatêng nagari Walandi, Ki Padmasusastra kaajak. Wontên ing nagari Walandi Ki Padmasusastra kirang jodho hawanipun, kasrêpên, lajêng kacandhak ing watuk mila botên dangu enggal mantuk dhatêng tanah Jawi. Eman sangêt namung sabrèbèt durèn wontên ing nagari Walandi.

Wangsulipun saking nagari Walandi, Ki Padmasusastra lajêng têtêp mantuk dhatêng Surakarta. Wiwit titimasa punika, Ki Padmasusastra lajêng malêbêt dhatêng pabarataning jurnalis dados juru ngarangipun sêrat kabar Jawi Kandha, kala samantên katingal rame jagating sêrat kabar. Kajawi dados juru ngarang ing sêrat kabar, inggih ngêdalakên sêrat warni-warni, anggitanipun piyambak, sawênèh anggitanipun sarjana sujana ingkang inganggêp dados dwijawaranipun, kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Sêrat-sêrat anggitanipun Ki Padmasusastra piyambak sami gancaran, dening rumaos dhatêng ikêtan kidung kirang,

--- 68 ---

namung tumindak, botên timbang kalihan ikêtanipun gancaran, pancèn ngrumaosi botên kadhasaran dhatêng kidung.

Nalika Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat ingkang kaping IV (sumare ing Imagiri) yasa biblotikbibliotik. winastan Radyapustaka, (ing taun 1899) ingkang tinanggênah nyêpêng Ki Padmasusastra, kapangkat mantri. Wiwit samantên Ki Padmasusastra wangsul dados abdi dalêm malih, kapatêdhan nama Ngabèi Wirapustaka. Kajawi nglêmpakakên sêrat, tuwin ngimpun kawruh-kawruh Jawi, samantên awit saking usulipun Mas Ngabèi Wirapustaka, Radyapustaka ngêdalakên tid sêkrip Jawi, ngêwrat kawruh-kawruh Jawi, nama: Sasadhara kalihan Candrakapta, ingkang dados juru ngarang inggih Mas Ngabèi Wirapustaka. Sarta ing pawingkingipun ingkang kawêdalakên piyambak: Waradarma. Sasadhara sêrat kabar wulanan Jawi ingkang rumiyin piyambak, kapetang dados kadang sêpuhipun Pusaka Jawi.

Nalika taun 1920 minggah pangkat dados abdi dalêm panèwu garap, kapatêdhan santun nama Ngabèi Prajapustaka. Mas Ngabèi Prajapustaka sampun sêpuh yêktos, kêkiyataning badan suda kathah sangêt, nanging katabêranipun nyêrat botên suda, pamanahipun dhatêng basa Jawi botên kêmba. Awit saking taksih kangge ing damêlipun, môngka kagalih sampun rêkaos ing lampah, nagari paring parimarma kalilan [kalila...]

--- 69 ---

[...n] botên sowan, kadhawuhan nyambut damêl ing griya. Salêbêtipun taun 1924 Mas Ngabèi Prajapustaka nandhang sakit rêkaos, winimbasara dhatêng putu-putunipun ingkang sami dados dhoktêr. Kabêkta saking sampun lungse ing umur, sarêng sampun saras, sampun botên sagêt tumindak nyambut damêl. Saking kaparêngipun nagari lajêng kapènsiun. Dumugi tilar donyanipun wau botên wontên antawis sangêtipun.

Karangan têtilaranipun Ki Padmasusastra mèh sadaya nuju kabêtahaning akathah. Dene ingkang pinèngêtan dados têtunggulipun:

1. Bausastra Jarwa Kawi, nisihi Bausastra anggitanipun Tuwan Seèph Wintêr (kaudhal sarta kawêwahan saking Sêrat Kawi Warni-warni).

2. Ènsiklopèdi Jawi kawrêdenan Jawi, kanamakakên Bauwarna, emanipun: sawêg kaêcap 1 jilid aksara ha. Kaping kalihipun dene dèrèng angsal biyantunipun para sarjana sujana. Ènsiklopèdi dede yasan climèn-climenan, sagêd dipun samêkta dados primbon, sarta botên mangsulakên pitakenan, kêdah kaêmbat ing para sarjana awarni-warni golongan.

3. Ucal-ucalan Bausastra Jawi Gêrike Rurdhah, kawrêdenan basa Jawi, calon dados Bausastra Jawi-Jawi, ingkang

--- 70 ---

dados pangajêng-ajênging akathah. Emanipun dèrèng ngantos rampung, sawêg dumugi aksara Nya, nuntên ginanjar sakit, kalajêng botên sagêd anglajêngakên.

Ki Padmasusastra anggèning kapatêdhan santun nama Mas Ngabèi Prajapustaka dèrèng nama lami, anggitanipun sami kalajêng kacirenan nama lami, mila ing wingking aruming nama anggèning dados sêsuluhipun basa Jawi, kaangge sêkar lathinipun para marsudi basa Jawi, kasêbut Ngabèi Wirapustaka, utawi Ki Padmasusastra.

--- 71 ---

Wulangan Maos Jawi Nalika 60 Taunan Kapêngkêr

Pêthikan Saking Anggitanipun Radèn Ngabèi Citrasêntana

Nalika dèrèng kathah pamulangan kados ing jaman sapunika, anak-anakipun para priyantun, yèn sampun umur kalih wêlas dumugi nêmbêlas taun, limrahipun dipun wulang maos bapakipun piyambak utawi kapasrahakên dhatêng sanak sadhèrèkipun ingkang sagêd maos.

Namung patrapipun amulang maos para bapakipun lare ing jaman samantên, beda sangêt kalihan ing wêktu sapunika. Awit saking sêrat-sêrat ingkang kangge garanipun amulang maos, dèrèng wontên. Sanadyan sampun wontên satunggal kalih, nanging para sêpuh dèrèng sami pariksa, dene ingkang dipun angge mulang mêndhêt saking sêrat-sêrat waosan mawi sêkar macapat, ing sagadhahanipun kados ta Sêrat Menak, sapanunggilanipun, punika dipun pêndhêt sapada utawi kalih pada ingkang dipun rêmêni, lajêng kapurih ngapilakên dhatêng lare, dalah sasêkaripun, kadamêl ura-ura. Inggih katuntun dalah sasêkaripun. Manawi sampun sagêd ura-ura sapada, lajêng kawêwahan sapada malih santun sêkar, urut-urutanipun inggih botên urut, namung manut sasênêngipun kemawon, [kemawo...]

--- 72 ---

[...n,] wontên ingkang wiwit saking sêkar Sinom, sêkar Pucung, tuwin sanès-sanèsipun.

Dene patraping anggèning tiyang sêpuhipun mulang dhatêng anak makatên: lare kapurih nirokakên anggènipun ura-ura. Upami sêratipun Sêrat Menak Lare, punika ingkang limrah karumiyinakên sêkar Sinom, inggih punika:

tuhu panguncanging sukma / kalana jaya dimurti / solahira anèng taman / tamanira sri bupati / samana duk upêksi / naga gêng tutuk manguntur / buka sri kanantera / sisik kumala rinukmi / apan arsa miyat tutuk naga praba //

Manawi sampun apil saha sampun mantun dipun tuntun, inggih lajêng dipun wêwahi sapada malih urutipun. Mila makatên, jalaran kamanah manawi namung sapada punika kemawon, sêratanipun dèrèng pêpak, pamulangipun inggih kados ingkang rumiyin. Manawi kalih pada punika sampun apil sayêktos, tandhanipun: sampun sagêd ura-ura piyambak, angglènggèng nyêkar Sinom. Lare lajêng kasukanan uran-uran apilan malih, nanging santun sêkar. Santunipun wau inggih sasênêngipun ingkang sêpuh. Dene ingkang limrah kasantunakên inggih punika sêkar dhandhanggêndhis, mêndhêt saking cariyos lêlabêtanipun Patih Suwônda, patihipun Prabu Sasrabahu ing nagari Maèspati. Inggih punika uran-uran [uran-ura...]

--- 73 ---

[...n] ingkang dipun sênêngi tiyang kathah, dumugi ing sapunika, makatên.

yogyanira kang para prajurit / lamun bisa samya anulada / kadi nguni caritane / andêlira Sang Prabu / Sasrabahu ing Maèspati / aran Patih Suwônda / lêlabuhanipun / kang kinêlun tri prakara / guna kaya gurunepurune. kang dèn antêpi. / Suwônda trah utama //

Uran-uran punika inggih lajêng kapurih ngapilakên malih. Panuntunipun inggih saking sapada lingsa, awongsal-wangsul kados ingkang sampun. Manawi sampun apil pamulangipun wontên ingkang dipun wêwahi sarana santun sêkar malih wontên ingkang dipun kèndêli. Wêwahipun kaangkah ing têmbe kalihan malampah. Manawi ingkang mulang sagêd nyêrat, uran-uran wau inggih kasêrat, lajêng kaangge mulang. Manawi ingkang sêpuh wau botên sagêd nyêrat inggih lajêng sêratipun kemawon ingkang kadamêl mulang, patrapipun mulang makatên:

Tiyang sêpuh: Thole, iki lo layange kang muni kaya apalanmu, mara dêlêngên.

Lare: Inggih.

Tiyang sêpuh: (kalih-kalihipun sami angangge tuding, sadasa saminipun) Iki kang muni: tuhu panguncanging sukma, saandhêgan, iki diarani sapada lingsa. Padane lingsa,

--- 74 ---

iki, (kalihan nudingi pada) tuhu: kang muni tu iku jênênge aksara ta. Hu iku aksara ha. Têngêr kang mangisor iki [...]Huruf Jawa yang digunakan: suku. jênênge sukon utawa suku. Titenana, sakabèhing aksara kang disandhangi suku, unine u (mêcucu), ta disuku tu. Ha disuku hu, sapiturute. Panguncang, têngêr [...]Huruf Jawa yang digunakan: cêcak. iki jênênge sandhangan cêcak, sakabèhing aksara kang dicêcak iku unine ang, mangap. Dadi: pa dicêcak unine pang, ta tang, ha hang. Nguncang, iki jênênge aksara nga disuku, yèn disuku bae unine iya ngu. Nanging rèhne urute iku ana aksarane tumpuk kang dhuwur iku jênênge aksara nya, nanging mati. Dadi, nga disuku mau matèni nya, unine nguny, kang ngisor iku jênênge pasangan ca. Sakabèhe pasangan unine padha bae karo aksarane. Pasangan ca, iku dicêcak unine iya cang, nging, iki aksara nga manèh. Sandhangan ana ing dhuwur aksara, bundêr cilik iki jênênge wulu, môngka dicêcak, dadi, nga diwulu cêcak unine nging, yèn ta iya ting. Sukma, iki jênênge aksara sa disuku, nanging urute ana aksara tumpuk manèh. Kang dhuwur iku mati, jênênge aksara ka. Dadi kang dhisik iku aksara sa disuku matèni ka, unine suk,

--- 75 ---

kang ngisor iku jênênge pasangan ma, unine iya ma.

Kados makatên pamulangipun, sabên angsal sapada lingsa, dipun kèndêli, ngantos lare sagêt ngeja piyambak, sawêg dipun warah sapada malih, salajêngipun.

Sinau maos mawi lampah kados ing nginggil wau, ingkang kathah ing dalêm 6 wulan kemawon lare sampun sagêd dalah sêkaripun. Nanging dèrèng sagêt nyêrat, dene para lare anggènipun sagêd nyêrat, punika inggih namung saking majênging manahipun piyambak, uran-uran wau katurun wongsal-wangsul, dene tiyang sêpuh awis ingkang sagêd nuntuni patrap-patrapipun nyêrat, jalaran inggih botên sagêd nyêrat piyambak.

Wontên malih tiyang sêpuh mulang maos mawi lampah sanès makatên: lare kasumêrêpakên aksara lêgêna, sajangkêpipun 20. Inggih punika carakan ha na ca ra ka, salajêngipun dumugi nga, punika kapurih ngapilakên ngantos urut. Manawi sampun apil, lajêng kapurih ngapilakên walikanipun: nga tha ba ga ma, salajêngipun dumugi ha, manawi sampin apil lajêng kawulang pasangan, ugi sajangkêpipun. Lajêng kawulang sandhangan, limrahipun saking wulon hi ni ci ri ki, salajêngipun lajêng sukon hu nu cu ru ku, salajêngipun taling, taling tarung, pêpêt,

--- 76 ---

cakra, wignyan, cêcak, layar, pengkal, kêrêt, lajêng sandhangan rangkêp wulu layar, sapiturutipun.

Ing sabên ajar, mawi lajêng kapurih nyêrat punapa ingkang kawulangakên wau. Manawi sampun sagêd sadaya sandhangan, punika sawêg kawulang pêjahan, ingkang rumiyin inggih pêjahan lêgêna, lajêng mêjahi mawi sandhangan salajêngipun.

Mulang maos mawi sarana reka makatên wau samôngsa sampun wagêd, inggih sagêd dalah panyêratipun, nanging ingkang kathah botên sagêd nyêkar, danguning sagêdipun inggih mèh sami kemawon.

Nalika samantên tiyang èstri satunggil kalih, inggih sampun wontên ingkang sagêd maos Jawi, nanging botên sagêd nyêrat. Dene sagêdipun wau, inggih namung saking gêthok tular. Para èstri ingkang kadêrêng kapingin maos, ing jaman samantên èngêtanipun inggih pancèn sampun langkung, awit piyambakipun sampun anggadhahi kapengin maos sêrat-sêrat cariyos, babad, sapanunggilanipun, dene ingkang sami dipun rêmêni, limrahipun Sêrat Menak Lare, Arjuna Sasrabahu, tuwin Sêrat Rama. Manawi cariyos purwa namung Sêrat Parta Krama, tuwin Sêrat Cèkèl, nanging purunipun maos sêru manawi sampun ngumur. Awit wêkdal wau, para sêpuh tuwin rayatipun taksih dèrèng sami rêna manawi

--- 77 ---

wontên tiyang èstri sagêd maos, awit kamanah tamtu kadunungan watak calak, lancang tuwin kumini.

Murih sênênging manahipun para lare ingkang sawêg sinau ngeja, tiyang sêpuh wontên ingkang andamêlakên uran-uran para lare, supados dipun apilakên, inggih punika ajaran angeja, sinawung ing sêkar Asmaradana kados ing ngandhap punika:

ha diwulu unine hi / ha dilayar unine har / ha ditaling unine he / ha dicakra unine hra / ha pengkal unine hya / ha disuku unine hu / ha diwignyan unine hah //

ha dipêpêt hê kang uni / ha dikêrêt hrê uninya / ha taling tarung muni ho / pa kêrêt rê ha cêcak hang / nga lêlêt lê uninya / rê lê dadi lirunipun / ra lan la kang kapêpêtan //

Kados makatên piwulangipun maos para sêpuh ing jaman samantên.

--- 78 ---

Awon Saenipun punapadene Paedah lan Pigunanipun Basa Jawi Kasêrat ing Sastra Jawi sarta Sastra Latin

Anggitanipun Suyud

Badhe mastani awon saening samukawis punika gampil kemawon, samantên wau manawi namung sêdya nacad utawi ngalêm bêbasanipun sampun wontên: wong sêngit ora kurang panacad, wong sênêng ora kurang pangalêm. Ananging manawi anggènipun mastani awon saening samukawis punika nêdya nandhing milih, dados botên namung saking nuruti dêrênging manah sêngit utawi sênêng, nacad utawi ngalêm punika sanès padamêlan gampil, awit panacad utawi pangalêmipun kêdah maton saèstu, kêdah kanthi wêninging manah, kuciwa sangêt dene manahing tiyang punika kathah bawuripun tinimbang kalihan wêningipun, jalaran kathah ingkang dipun gagas lan dipun raosakên. Pramila tiyang ingkang sêdyanipun têmên-têmên badhe nandhing milih, mêksa taksih asring kirang patitis panimbangipun. Dene ingkang asring ambêbawuri wêninging manah anggènipun nêdya nandhing milih punika, inggih dêrênging raos sênêng utawi sêngit wau. Saking koruping manah

--- 79 ---

dhatêng raos sênêng utawi sêngit, satêmah dados kirang patitis panimbang lan pamilihipun.

Ing ngriki kula botên badhe nyriyosakên sabab-sababipun tuwuhing raos sênêng utawi sêngit, awit warni-warni sangêt sarta gumantung dhatêng kawontênanipun ingkang dipun timbang, namung kemawon manawi gêgayutan kalihan jêjêring rêmbag ing ngriki, inggih badhe kula criyosakên ing saprêlunipun.

Sarèhning parêpatan punika larasipun gadhah sêdya nandhing milih ingkang pratitis murih prayogining tindak ingkang badhe linampahan, pramila ing sasagêd-sagêdipun kula inggih badhe ngaturakên timbangan ingkang maton, mêdal saking wêninging manah, inggih ing sawêning-wêningipun manah kula.

Mênggah saenipun basa Jawi kasêrat mawi aksara Jawi punika cara bodhon-bodhonipun: sampun mastani. Ananging têtêmbungan sampun mastani wau bakunipun sawêg mêdal saking raosing manah, Dados dèrèng kanthi wêninging manah, ingkang atêgês panimbang sarana pambudi. Namung kemawon têka kêlêrêsan sangêt, dene manawi dipun budi pancèn inggih wontên watonipun ingkang anjalari aksara Jawi sampun prayogi kangge nyêrati basa Jawi. Saking pinanggihing pamanah kula, makatên wêwaton utawi sababipun.

--- 80 ---

Saenipun Sastra Jawi

1. Wiwit kina mila tiyang Jawi sampun kulina nyêrati basanipun ngangge sastra Jawi, dados tiyang Jawi sampun pundhuh sangêt dhatêng panyêrat lan pamaosipun basa Jawi ngangge sastra Jawi.

2. Paramasastra Jawi punika pêpathokanipun ingkang baku sampun nama maton, dados panyêrat lan pamaosing têmbung-têmbung sampun nama têtêp.

3. Awit saking gêgayutanipun ingkang kasêbut ing ôngka 1 lan 2, sastra Jawi sampun nama prayogi lan nyêkapi, dados sampun srêg kangge nyêrati basa Jawi. Samantên punika tumrapipun basa Jawi ingkang sumrambah. Dene tumrapipun têtêmbungan ingkang kirang sumrambah, badhe kacariyosakên ing ngandhap.

Namung samantên pangalêm kula dhatêng sastra Jawi, jalaran sampun kula pados-padosi têka angèl têmên badhe manggihakên pangalêm ingkang maton. Dene awon utawi kuciwanipun sastra Jawi, kula pados-padosi têka dhawahipun inggih botên sagêd pinanggih kathah. Makatên kawontênanipun:

Kuciwanipun Sastra Jawi

1. Sêratan Jawi punika têrusan kemawon, satunggil-tunggiling têmbung botên kapisah, mila manawi kangge nyêrati basa

--- 81 ---

ingkang kirang sumrambah, upaminipun kemawon basa Jawi ingkang kathah têmbungipun Kawi, minggahipun malih dhatêng basa Kawi dêlês, lajêng anjalari gampilipun kalintuning pamaos, ngantos asring anjudhêgakên, awit aksaranipun kêcorak-kêcaruk.

2. Sastra Jawi kenging kula wastani kirang pêpak prabotipun, mila manawi kangge nyêrati têmbung-têmbung mônca lajêng repot sangêt. Môngka ing jaman sapunika bôngsa Jawi saya kathah pasrawunganipun kalihan bôngsa mônca, sarta saya kathah anggènipun nganggèkakên têmbung-têmbung mônca kangge lantaran ngrêmbug kawruh lan kamajêngan.

3. Sastra Jawi punika manawi dipun cap rowa sarta riwil sangêt, anjalari awisipun rêgining sêrat. Kêjawi punika prabot ingkang kangge ngêcap sastra Jawi botên wontên ingkang marsudi sampurnanipun awit kirang sumbut.

4. Nitik kawontênan ingkang sampun kasêbut ing ôngka 1, 2, sarta 3, saking pamanggih kula sampun têtela, bilih sastra Jawi punika sampun kirang jumbuh kalihan kamajênganing jaman, awit jaman sapunika jamanipun tiyang kêdah mubêt panyêpênging arta, jamanipun tiyang kêdah cekat-cèkêt ing damêl, sarta jamanipun tiyang ambudi kawruh, daya-daya majênga. Môngka sastra Jawi botên kenging kangge sarana nindakakên pandamêlan ingkang [ing...]

--- 82 ---

[...kang] makatên. Dados sastra Jawi sampun botên nyêkapi dhatêng kabêtahanipun bôngsa Jawi kangge nututi ajênging jaman.

Kêlêrêsan wontên sastra sanès ingkang kenging kangge nyêrati basa Jawi, inggih punika sastra Arab sarta sastra Latin. Awon saenipun sastra Arab kangge nyêrati basa Jawi botên badhe kacariyosakên, awit pancèn botên kadamêl jêjêring rêmbag. Bab sastra Latin kadospundi, punapa sagêd nyêkapi bêtahipun bôngsa Jawi. Sumôngga sami katitipriksa sae miwah kuciwanipun.

Saenipun Sastra Latin Kangge Nyêrati Basa Jawi

1. Sastra Latin punika prabotipun pêpak, mila luwês, kenging kangge nyêrati basa warni-warni, buktinipun sampun cêtha, inggih punika dipun angge ing pintên-pintên bôngsa.

2. Prabotipun ngêcap sastra Latin saya dangu saya sampurna, jalaran saking kathahipun ingkang sami ambudidaya tur sarwa sêmbada. Wujuding kasampurnanipun:

Ha. Wêwangunaning sastra pêpak sangêt, botên kèwêdan kangge nyilah-nyilahakên, upami: agêng, alit, kandêl, tipis, dhoyong lan sapanunggilanipun. Môngka ingkang makatên wau pancèn agêng sangêt paedahipun. Dados [Dado...]

--- 83 ---

[...s] botên kados cap-capan sastra Jawi, ingkang sasumêrêp kula namung wontên tigang warni.

Na. Ngêcap sêrat sastra Latin punika sagêd rikat sangêt, saya sarêng sampun wontên mêsin kangge ngêsèt, anjalari cekat-cèkêting padamêlan.

3. Nitik ingkang kasêbut ing ôngka 1 sarta 2, sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi punika sampun têtela nyêkap kabêtahan anggèn kula sami ambudi kamajêngan, awit:

Ha. Anggampilakên, dados, ngenggalakên pêncaring kawruh ingkang anjalari enggaling kamajêngan.

Na. Ngrancagakên pandamêlan sarta ngobètakên tanjaning arta, ingkang tundonipun ugi ngenggalakên kamajêngan.

Ananging punapa sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi botên wontên kuciwanipun. Mêsthi wontênipun, sumôngga sami katitipriksa.

Kuciwanipun Sastra Latin Kangge Nyêrati Basa Jawi

1. Tiyang Jawi kathah ingkang dèrèng kulina maos utawi nyêrati basa Jawi ngangge sastra Latin, mila dèrèng gadhah raos srêg dhatêng panganggenipun sastra Latin.

2. Pranataning panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin dèrèng

--- 84 ---

sampurna lan dèrèng têtêp, anjalari tuwuhing pakèwêd warni-warni sarta rangu-ranguning manahipun tiyang ingkang badhe nganggèkakên sastra Latin.

Ingkang pinanggih ing manah kula, namung punika kuciwanipun sastra Latin ingkang baku.

Manawi dipun tandhing lan dipun timbang-timbang ingkang lêrês, sastra Jawi punika sanadyan kanggea nyêrati basa Jawi pisan, tumraping kamajêngan kenging kula basakakên kawon atas kalihan sastra Latin. Ing môngka ingkang tansah dados idham-idhamanipun bôngsa Jawi ing jaman samangke, botên sanès namung kamajêngan. Mila manawi bôngsa Jawi nêdya majêng saèstu, inggih kêdah ngajêngi dhatêng sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi. Saya manawi pranatan panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin wau dipun sampurnakakên lan dipun têtêpakên,§ Sampoen katetepaken ing: bijblad 9962, namoeng dèrèng soemrambah ing kathah. tamtu sastra Latin punika dados srana ingkang agêng sangêt paedahipun tumrap kamajênganing bôngsa Jawi.

Ananging kawuningana: nitik suwantêning sêrat-sêrat kabar, ing wêkdal samangke têtiyang Jawi taksih sami ewa kemawon dhatêng sastra Latin, sarta taksih ngunggul-unggulakên sangêt dhatêng sastra Jawi. Ingkang makatên punika botên anggumunakên, jalaran sastra Jawi sampun kêlajêng dipun sênêngi dhatêng bôngsa Jawi, malah dipun anggêp wasiyat ingkang pantês dipun pêpundhi. Sarêng [Sa...]

--- 85 ---

[...rêng] sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi, punika ada-ada enggal. Môngka sadayaning ada-ada ingkang enggal, punika limrahipun ing sakawit mêsthi dèrèng sampurna, anjalari tuwuhing pangrêsula warni-warni. Kêjawi punika sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi wau ada-adanipun bôngsa kilenan, môngka wontênipun ing jaman sapunika, samukawis ingkang asalipun saking bôngsa kilenan wau sêmu tansah dipun sujanani kemawon ing bôngsa Jawi.

Kula ngaturi têtimbangan, jaman sapunika jamanipun tiyang jas-jasan, malah kathah ingkang jas bikakan ngangge dhasi, tarkadhang sêtelan ngangge clana pisan, sampun nilar rasukan lurik potongan Jawi, anggènipun ngangge-angge cara Jawi namung kalamôngsa, tur sampun botên dêlês. Wontên ingkang taksih ajêg mangangge cara Jawi, ananging sampun botên mawi dhuwung. Manawi gadhah dhuwung, kathah ingkang namung kangge wasiyat simpênan kemawon, anggènipun ngangge awis-awis sangêt, namung kalamôngsa manawi dhinês cara Jawi. Dêdamêl jêmparing ing sapunika sampun namung kangge kasênêngan, manawi wontên ingkang nêdya sadhiya dêdamêl saèstu lajêng tumbas pistul.

Sapunika kula gadhah pitakèn, basa Jawi nêdya majêng saèstu, punapa namung badhe nuruti sênênging manah. Tiyang gadhah kasênêngan, sintên ingkang ngawisi. Ananging punapa prayogi [prayo...]

--- 86 ---

[...gi] nguja dêrênging manah kemawon. Tiyang gadhah kasênêngan wajib mawi dugi prayogi ngangge kalamôngsa tur yèn sawêg sêmbada. Dene tiyang ingkang nêdya majêng saèstu, kêdah botên wang-wang nindakakên pangrekadaya ingkang dados jalaraning kamajêngan, sanadyanta pancènipun kirang adamêl sênênging manah. Sampun kados tiyang sakit kêpengin mantun, nanging wêgah jêjampi. Prakawis kasujananing manah prayogi dipun bucal, manawi tuwuhipun namung saking panyana-nyana ingkang botên pinanggih sabab-sababipun ingkang maton saèstu.

Sapunika kula mangsuli bab sastra Jawi sarta Latin wau. Makatên pêpuntoning pamanggih kula.

1. Bôngsa Jawi kêdah ngajêngi sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi.

2. Pranataning panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin kêdah karêmbag malih, kaudi murih icaling kuciwanipun.

3. Pranataning panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin botên kenging lajêng katêtêpakên saking nginggil kemawon tanpa mawi sarujukipun parêpataning para ahli basa kalihan tiyang-tiyang ingkang sampun kathah sêsêrêpanipun prakawis êcakipun sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi.

4. Sadangunipun tiyang Jawi piyambak dèrèng ngêmohi dhatêng sêratan Jawi, ing saprêlunipun inggih prayogi taksih ngangge sastra [sa...]

--- 87 ---

[...stra] Jawi, ananging sampun ngantos makèwêdi sumrambahipun sastra Latin.

Wusana kula sumôngga dhatêng panggalihipun para sadhèrèk. Namung kemawon kula ngaturi pèngêt, anggènipun manggalih sampun ngantos kêdhasaran raos sênêng utawi sêngit rumiyin, awit dêrênging raos wau mindhak ambêbawuri wêninging panggalih, ingkang satêmah damêl kapitunanipun piyambak.

--- 88 ---

Kadospundi Bab Kadadosanipun Ringgit (Wayang) ing Têmbe§ Ingkang nganggit boten kaseboetaken.

1: Tiyang Jawi ing jaman kina punika manawi pinuju eman èwêd punapa-punapa, kados ta: mantu, gadhah anak, sakit tuwin sapanunggilanipun, sampun tamtu nyambat utawi nyraya para sêpuh lêluhuripun, ingkang sampun sami botên wontên, dipun dhatêngakên suksmanipun, lampahipun sarana pamujian utawi sêsaji.

Saking kapitajênganipun tiyang Jawi Kina, suksmanipun para lêluhur wau manawi wanci dalu sami angumbara. Para anak putu ugêripun mangêrtos lampah-lampahipun, sampun tamtu sagêd andhatêngakên suksma wau, pêrlu dipun suwuni tulung, ananging kêdah ing wanci dalu utawi manawi surya sampun botên katingal.

Ing wanci dalu wau tiyang ingkang dipun rêsaya andhatêngakên suksmaning para lêluhur ambêsmi dupa, supados suksmanipun purun mandhap, kenging dipun tampèni. Saking cariyosipun tiyang kina, suksma punika awujud wayangan, punika ingkang dipun angkah mandhapipun, dene lampahipun sarana angobat-abitakên gambar ingkang dipun damêl wacucal, wontên [wo...]

--- 89 ---

[...ntên] ing sangajênging dilah, sarta wayanganing gambar wau dipun tadhahi ing kêlir. Samôngsa wayanganipun sampun katingal ing kêlir, lajêng dipun côndra, dipun alêmbana sarta dipun cariyosakên lêlabêtanipun lêluhur ingkang gadhah suksma wau. Lampah ingkang kados makatên punika ngantos sapriki taksih lêstantun tumindak wontên ing tanah Jawi ngriki, inggih punika ringgitan.

Sanadyan panganggêpipun tiyang kathah datêng bab ringgitan punika dening sumêbaripun agami Islam ing tanah Jawi sampun suda, sarta sampun kathah tatananipun ingkang kala ing kina kaanggêp prêlu sampun kabucal, ewadene nitik mangsanipun anggènipun ringgitan ing wanci dalu, punapadene cara caranipun, punika amratandhani bilih ringgitan punika taksih mêngku sêdya ingkang gêgayutan kalihan babagan agami ing jaman kina, kados ta manawi pinuju gadhah damêl mantu, tingkêban, puputan sasaminipun, taksih kathah tiyang Jawi ingkang mrêlokakên ringgitan. Manawi angluwari ujar kaul inggih ringgitan, botên siwah kados caranipun tiyang kina manawi kadumugèn kajêngipun, lajêng suka panarimah dhatêng para lêluhuripun, sarana ngaturi dhahar utawi pêpuji. Makatên ugi manawi pinuju bibar panèn, kônca tani inggih kathah ingkang ringgitan (brêsih dhusun), ingkang dipun angge sarana anulak [anula...]

--- 90 ---

[...k] bêbaya utawi murih cabaring ngalamat awon (ngruwat) punika inggih ringgitan.

Kajawi ingkang gêgayutan kalihan babagan agami, ringgitan punika ugi gadhah kajêng angluhurakên lêlabêtanipun para lêluhur. Ki dhalang manawi angringgit asring nyôndra utawi nyariyosakên lêlabêtanipun para lêluhur wau, kasêkarakên utawi kadhapur ginêman.

2: Sarêng têtiyang Hindhu sami dhatêng ing tanah Jawi, ingkang kocap ing ringgit botên amung lêluhuripun bôngsa Jawi kemawon, ananging lêluhuripun bôngsa Hindhu ugi katut, awit dhatêngipun tiyang Hindhu wau mawi ambêkta cêcriyosan warni-warni bab para linangkung ing tanah Hindhustan, kados ta: para Pandhawa.

Wiwitanipun tiyang Jawi tamtunipun inggih mawi ambedakakên lêluhuripun pyambak kalihan lêluhuripun tiyang Hindhu, ananging sarèhning dêdongengan wau lumunta tumurun dhatêng anak putu, wah lumuntanipun wau botên sarana sêrat, ananging amung saking cariyos, dados amung ijêman kemawon, amila lami-lami dêdongenganipun para lêluhur wau dumuginipun canggah utawi warèng lajêng botên wontên silah-silahipun. Lêluhuripun bôngsa Hindhu inggih lajêng dipun anggêp lêluhuripun pyambak. Para linangkung ingkang kocap ing ringgit, ingkang lugunipun pancèn beda-beda asalipun, dipun gathuk-gathukakên [gathuk-gathuka...]

--- 91 ---

[...kên] ngantos katingal manawi nunggil asal, salajêngipun dipun urut-urutakên kalihan para nata ing tanah Jawi ngriki.

Inggih lêrês ringgitan punika ing pawingkingipun taksih mêngku kajêng ingkang magêpokan babagan agami, ananging ingkang dipun prêlokakên nyumêrêpakên anak putu dhatêng lêlampahan tuwin lêlabêtanipun para linangkung ing jaman kina. Cêkakipun ringgitan punika dangu-dangu lajêng santun gagrag saking mulabukanipun, inggih punika malih dados cariyos utawi babad bab kalangkunganipun para tiyang kina.

Panganggêp ingkang kados makatên punika ngantos sapriki taksih tumindak, tandhanipun ing salêbêtipun taun 1880, Panjênênganipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, karsa yasa lampahan warni-warni ingkang anggambar kawontênanipun tanah Jawi ngantos dumugi sumêbaripun agami Islam, sarta nalika taun 1894, Radèn Danuatmaja ing Surakarta yasa lampahan ringgit kapêthikakên saking Babad Tanah Jawi wiwit jaman Majapahit dumugi pêrang Dipanagaran.

Lêlabêtan saha tindakipun para linangkung ing jaman kina punika wontên ing ringgit dipun alêmbana tuwin dipun gumuni, prêlunipun supados katelada. Dados ringgitan punika pikajêngipun nyukani têtuladan utawi pasêmon dhatêng para ingkang sami ningali, mawi dipun têgêsi, dipun angge piwulang dhatêng tiyang jaman [ja...]

--- 92 ---

[...man] samangke. Dene ingkang kaanggêp makatên punika botên amung ringgit purwa kemawon, ringgit gêdhog, krucil tuwin ringgit tiyang inggih kenging kangge nandukakên piwulang.

Ringgit tiyang punika kajawi mêngku piwulang taksih gadhah têgês sanèsipun malih ingkang ringgit purwa, gêdhog tuwin krucil botên gadhah, inggih punika mêngku kagunan jogèd tuwin gêndhing. Tuwuhipun ringgit tiyang punika inggih dening kabêkta adrênging manah badhe ngatingalakên kagunan kalih warni wau. Jumbuhipun prakawis punika kangge anggambar utawi mujudi ebah osiking manah. Awit saking punika saening ringgit tiyang punika botên amung wontên ing cêcriyosan utawi lampahanipun kemawon, ananging ugi wontên ing patrap-patrap anggènipun amujudi lampahan wau. Jogèd utawi tandang tandukipun satunggal-tunggalipun ringgit punika anggambar wêwatêkan tuwin ebah osiking manahipun ingkang kalêbêt ing lampahan utawi cariyos wau. Manawi kamanah panjang, ringgit tiyang punika kenging dipun samèkakên kalihan sêrat yasanipun pujôngga ingkang linangkung, kaotipun botên mawi têmbung, ananging amung kapratelakakên mawi tandang-tanduking badan kemawon.

Ing jaman samangke saya kathah tiyang ingkang mastani bilih cariyosipun ringgit punika pasêmon, liripun kajêngipun ringgit punika botên sanès amung suka piwulang anêdahakên [anêdahakê...]

--- 93 ---

[...n] awon saening lêlampahan dhatêng tiyang kathah. Upaminipun lampahan Mintaraga, sawênèh wontên ingkang cariyos bilih Bathara Endra punika gambaring gêsang, Niwata Kawaca pêpêthaning pangrisak, wontên malih ingkang cariyos bilih Sang Hyang Endra punika gambaring paprentahan nagari, Niwata Kawaca gambaring kraman. Wontên malih ingkang anêgêsi bilih Bathara Endra punika pêpêthanipun lampah sae, Niwata Kawaca gambaripun tindak awon.§ Tindak sae punika manawi pêrang kalihan tindak awon sagêdipun mênang amung amargi anggènipun nyandhêt hawa napsu. Cêkakipun cariyos utawi lampahan satunggal punika anggènipun nêgêsi warni-warni.

Prakawis ingkang dipun rêmbag punika inggih kenging kula damêl pasêmon, makatên katranganipun: Niwata Kawaca punika dênawa ingkang langkung karosanipun, ewadene taksih wontên pangapêsanipun. Makatên ugi bab anggènipun kêdah anêgêsi sadaya lampahan utawi panganggêp bilih lampahan-lampahan punika sampun tamtu wontên pasêmonipun, punika ugi wontên pangapêsanipun, ingkang lami-lami sagêd anjalari pêjah utawi sirnaning lampahan. Kados ta: sadaya panindak dipun padosi kajêngipun, sadaya cêcriyosan dipun padosi wêwadosipun, dalasan nama kemawon dipun gagas, dipun kerata basa, dipun gothak-gathukakên ngantos katingal mathuk, ananging têmahanipun kadospundi, lampahan ingkang salugunipun sampun sae [sa...]

--- 94 ---

[...e] saha prayogi dipun tingali lami-lami lajêng dados ambosêni, dening kêkathahên têgês tuwin piwulang. Ingkang ningali lajêng kirang rêmên tuwin kirang marêm. Lampahan ingkang sae punika sampun ambêkta têgês pyambak, botên prêlu dipun têrangakên kathah-kathah. Ingkang kula wastani pangapêsan wau inggih anggènipun anêgêsi lampahaning ringgit ngantos kêkathahên punika.

Samangke ngrêmbag bab ringgit tiyang. Tumrapipun ringgit tiyang ingkang prêlu jogèdipun, amargi jogèd punika kêdah kaudi sagêdipun cocog kalihan tondak-tandukipun ingkang ginambar, ngantos amranani dhatêng têtiyang ingkang ningali. Dene tumindakipun inggih punika tênaganing ringgit kajumbuhakên kalihan larasing gêndhing. Dados ingkang kenging kangge pasêmon punika botên amung ringgit wacucal kemawon, sanadyan jogèd inggih mêngku pasêmon. Bedanipun: pasêmoning ringgit wacucal dumunung ing cêcriyosanipun, manawi ringgit tiyang wontên ing jogèd. Istingarah ringgit wacucal punika ingkang sagêd angisèni manah, ringgit tiyang ngebahakên. Dados ringgit tiyang punika wosipun anggambar ebahing manah, tôndha yêktinipun, sawêg lembehaning tangan kemawon botên kados lembehan limrah, manthukipun inggih botên amung ugêr manthuk, sadaya solah-bawa mawi ngêmu kajêng manut [manu...]

--- 95 ---

[...t] prêlunipun. Ananging jogèd wau asring dipun ewahi, dipun laras malih, dipun santuni wêwangunan, ngantos wosipun katilar, ingkang dipun angkah amung bagusing jogèd, têmahan cundhukipun kalihan ingkang ginambar botên dipun èngêti. Manawi kalampahan makatên, sagêd dados pangapêsan utawi kirang prayoginipun ringgit tiyang.

Mirid ingkang sampun kula têrangakên ing ngajêng, ringgit punika kajêngipun wontên tigang warni, inggih punika:

Ha: Angèngêti asli saha kanggenipun ing sakawit, gadhah kajêng ingkang magêpokan agami.

Na: Angèngêti lampah-lampahipun, gadhah kajêng mujudi ebah osiking tiyang ingkang dipun cariyosakên.

Ca: Angèngêti wosipun ingkang dipun cariyosakên, gadhah kajêng nyriyosakên lêlabêtanipun para linangkung ing jaman kina, nawung têpa palupi utawi pasêmon.

3. Ringgit punika ing têmbe kadospundi badhe kadadosanipun, punapa inggih badhe lêstantun botên ewah kados kawontênanipun sapunika.

Ha: Kajêngipun ringgit ingkang magêpokan agami ing jaman samangke inggih taksih wontên, ananging sampun wiwit dipun anggêp kirang prêlu dening sumêbaripun agami enggal tuwin raos enggal. Lampahan-lampahan anggitan enggal,

--- 96 ---

(carangan) awis-awis ingkang magêpokan agami.

Na: Lampahipun mitontonakên ringgit punika wontên kalih warni, inggih punika sarana gambar, kados ta: ringgit purwa, krucil, golèk, tuwin mawi tiyang, kados ta: ringgit tiyang, langên driya, wirèng. Ringgit ingkang kapitontonakên mawi gambar wau amung kenging tiningalan tiyang sawatawis, cocog kalihan kajêngipun ingkang yasa sakawit, amung kapitontonakên dhatêng batih pyambak tuwin tôngga têpalih, nitik gambaripun ringgit alit-alit.

Wangsul ringgit tiyang botên makatên, ingkang sami dados ringgit inggih tiyang, sanès wacucal utawi kajêng, amila manawi pinuju pasamuwan ringgit tiyang punika saya kathah ingkang sami ningali. Para ingkang sami ningali ingkang dhawah wontên ing wingking pyambak, sanadyan botên mirêng swaranipun utawi cariyosipun, sagêd sumêrêp sêmuning ulatipun para ringgit, ebahing tangan utawi suku (jogèd) punika kemawon sampun kenging kangge angintên-ngintên punapa ingkang dados kajêngipun.

Mirid ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng wau sadaya, kintên-kintên ringgit ingkang kapitontonakên sarana gambar punika salaminipun inggih amung tumrap tiyang sakêdhik, dene ringgit tiyang lêstantun tumrap tiyang kathah.

Ca: Samangke angrêmbag bab isinipun ingkang dipun cariyosakên [cariyo...]

--- 97 ---

[...sakên] ringgit. Mirid kawontênanipun têtingalan cara kilenan ingkang kawastanan tonil, punika pikajêngipun inggih tansah ewah-ewah. Amargi pikajêngipun tonil punika ingkang suwau inggih magêpokan bab agami, lajêng santun angluhurakên lêlabêtanipun para satriya ingkang linangkung (jaman kasatriyan). Awit saking ewahing jaman, tonil wau lajêng dados têtingalan ingkang mêngku pikajêng suka pasêmon utawi têpa palupi, amitontonakên lêlabêtanipun para satriya ingkang pantês sinudarsana utawi nyariyosakên lêlampahan ingkang sae tuwin ingkang awon, dangu-dangu lajêng santun nyariyosakên lêlampahan ingkang cocog kalihan wontênipun ingkang tumindak ing sadintên-dintên.

Ringgit punika nyariyosakên jaman kasatriyanipun tiyang Jawi, mênggah ingkang kocap inggih punika satriya kalihan bagawan utawi rêsi ingkang ngrencangi padamêlanipun satriya wau, tiyang alit botên nate kocap.

Golongan-golonganipun bôngsa Jawi (para sinatriya tuwin rêsi) ingkang kocap ing ringgit wau samangke sampun wiwit badhe ical utawi sampun ical, amila lampahan ringgit manawi dipun cocogakên kalihan kawontênan lêlampahanipun bôngsa Jawi ing jaman sapunika beda sangêt. Inggih lêrês lêlampahan utawi kawontênan ing jaman samangke

--- 98 ---

punika ugi kenging dipun cariyosakên ing ringgit, inggih punika kadhawahakên manawi pinuju mêdal parêpat Madukara Kyai Sêmar dalah anak-anakipun, sinawung bêbanyolan, ananging saèstunipun pikantukipun amung sakêdhik.

Sadaya ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng punika lajêng nuwuhakên pitakenan, punapa ringgit kados wontênipun samangke punika badhe lêstantun sagêd damêl marêmipun tiyang Jawi ngantos dumugi ing jaman akir. Punapa tiyang kathah botên badhe sami kêpengin ningali, lampahan-lampahan ingkang anggambar kawontênan utawi gêsangipun pyambak.

Kathah tiyang sami mêstani bilih lampahaning ringgit punika taksih cocog kalihan kawontênan jaman samangke. Inggih lêrês makatên, amargi sadaya lampahan punika kenging dipun pirid, sanadyan kawontênanipun saèstunipun sampun beda, lampahipun tuwin mêmanahanipun tiyang gêsang botên beda. Raosing manahipun tiyang bingung ing jaman kina sami kemawon kalihan ing jaman sapunika. Ing kina tiyang ingkang budinipun santosa punika kawastanan sae, jaman samangke ugi makatên. Kalihan malih tiyang ingkang ningali ringgit punika ingkang dipun raosakên sanès Arjuna utawi Wrêkodaranipun, ananging wêwatêkan ingkang ginambar mawi para sinatriya wau, cêkakipun gambaring ringgit punika amung kangge lantaran [lantara...]

--- 99 ---

[...n] kemawon, kenging dipun angge ing samôngsa-môngsa. Dados gambaring ringgit punika wadhagipun, dene ingkang prêlu dipun raosakên kabatosan utawi alusipun. Ewadene mêksa botên ngayawara upami wontên ingkang ngudi raos makatên: ngèngêti ewahing jaman, punapa ringgit punika ing salami-laminipun botên badhe ewah. Cêcriyosan ingkang nyariyosakên lêlampahanipun para satriya ing jaman kina punika punapa botên badhe kasantunan cariyosipun tiyang utawi kawontênan ing jaman samangke. Saupami kalampahan dipun santuni makatên, sampun tamtu pikajêngipun ringgit ingkang magêpokan kalihan agami badhe sirna. Punapa tiyang Jawi badhe rêmên dhatêng ewah-ewahan ingkang kados makatên wau. Tumrap kula pyambak, badhe ewahing ringgit punika môngsa bodhoa, ugêripun dipun rêksa sampun ngantos ringgit dipun worsuh kalihan tonil. Manawi para sadhèrèk Jawi badhe yasa tonil, ingkang anggambar lêlampahan utawi kawontênan ing jaman samangke inggih nyumanggakakên, ananging sampun ngantos dipun tindakakên mawi ringgit, dados ringgit sagêda lêstantun kados kawontênanipun sapunika, manawi yasa tonil inggih amung maligi tonil kemawon, sampun winorsuh kalihan ringgit.§ Sanadjan ikêtanipoen karangan poenika kalêbêt sae, anamoeng wontên lampahing oekara sawatawis, ingkang katrotjoban lampahing oekara Walandi (Hollandismen).

--- 100 ---

12. Cêcriyosan Wayang Purwa.

Sêsorahipun Radèn Ngabèi Dutadilaga§ Wontên ing pahêman Radyapustaka marêngi kaping: 29 Oktobêr 1929.

Kulanuwun, anggèn kula badhe ngaturakên cêcriyosan wayang purwa, punika botên saking kula sampun paham sangêt, agêngipun amumpuni dhatêng bab wau, punika botên babar pisan, namung saking anggèn kula nêtêpi wajib dados warganing Radyapustaka katêtêpakên damêl sêsorah sampun nyandikani, milih bab ingkang kêrêp kêsrambah, kula sumêrêpi, purihipun namung pados gampil. Mila manawi wontên kuciwanipun atur kula, mugi sampun kirang pamêngku.

Kulanuwun, wontên sêrat-sêrat ingkang sampun kula sumêrêpi, anyariyosakên, bilih wayang punika bakunipan asli saking Hindhu, awit kawontênaning wayang punika pancèn kawruh luhur sarta nawung raos lêbêt. Mila mêsthi kagunanipun bôngsa ingkang sampun luhur, ing pangintên dede kagunan Jawi. Makatên pratelanipun para sagêd ingkang kapratelakakên wontên ing salah satunggaling sêrat-sêrat wau, ananging inggih wontên ingkang mabêni, anêtêpakên, bilih wayang punika dede kagunan Hindhu, sayêktosipun kagunan Jawi [Ja...]

--- 101 ---

[...wi] lugu. Pasaksènipun, ing Hindhu botên wontên wayang ingkang rêrangkènipun kados wayang purwa, sarta prabot-praboting ringgit punika nelakakên manawi yêyasan Jawi. Nama, wujud sarta raosipun punika sadaya nocogi raos Jawi, malah ing pangintên, sadèrèngipun bôngsa Hindhu angajawi, wayang wau sampun wontên. Manawi wontên cêcriyosan Jawi malah yasanipun para wali, dados dede têdhakan ing Hindhu, namung cêcriyosanipun punika wontên ingkang asli saking Hindhu, kados ta: Mahabarata, Ramayana. Nanging kenging dipun titi, cêcriyosan wau wontênipun ing Jawi sampun kathah ingkang ewah. Mênggah ewahipun wau sagêd ugi kajarag utawi botên, dening kiranging sêsêrêpanipun para sagêd kina dhatêng têmbung utawi kawontênaning cêcriyosan wau, punapa malih saking limpadipun para sagêd kina katêmaha kaolah kalarasakên kalihan kawontênan Jawi supados sagêd rumangsuk, punika kenging kalaras saking kawontênan utawi cêcriyosanipun. Coba samangke nglaras cêcriyosanipun:

Sawênèhing sêrat ingkang kula waos wau mratelakakên, bilih ing nagari Ngastina punika jêjêr utawi pancêripun ingkang jumênêng Nata Maha Prabu Santanu, sumilih kapraboning lêluhur turun-tumurun ingkang katêmbungakên darah Barata. Sang nata [na...]

--- 102 ---

[...ta] krama angsal Widadari Bathari Gangga, patutan ingkang dêlês kantun satunggal Radèn Dewabrata. Ingkang garwa lajêng wangsul kabatharènipun, Sang Dewabrata kacariyos lajêng kaêmong ing rama. Sawênèh nyariyosakên kagulawênthah ing ibu, namung sarêng sampun diwasa lajêng kadhèrèkakên ing rama. Kacariyos Sang Dewabrata punika sakalangkung anggènipun têtêp ing panggalih nêtêpi dhatêng wajib. Wiwit timur dumugi seda wontên madyaning pabaratan Baratayuda Binangun, botên ginggang anggènipun nêtêpi wajib, ngantos diya-diniya kalihan Sri Krêsna anggènipun sami rumaos botên wênang amarahakên piwulang têtêping wajib ingkang kalêbêt piwulang darma, wusananipun inggih Sang Bisma ingkang sampun kaanggêp wênang marahakên piwulang wau dening sariranipun têtêp anggèning nindaki wajib lan lampah makatên, mila wontên cêcriyosan Mahabarata sakalangkung misuwur lan pinuji asmanipun.

Mangsuli Sang Prabu Santanu, sapêngkêripun ingkang garwa Dèwi Gangga, lajêng kasmaran dhatêng Dèwi Satyawati, inggih Durgandini, momonganipun abdi dalêm Dasa, Tuwa Rawa ngiras anglampahakên baita, nanging sang nata sakalangkung kawêkèning panggalih ngraosakên bêbananipun ingkang dados woding galih. Badhe nglêksanani: awrat sangêt panggalihipun, awit badhe ambibrah tatananing praja, namung ambujêng kaparêngipun [kapa...]

--- 103 ---

[...rêngipun] piyambak. Ingatasipun narendra utama saèstu kuciwa, ananging manawi botên anglêksanani bêbana wau, sang nata sagêd sirna saking rontang-rantinging panggalih dening mêmanisipun sang rêtna tansah mulêt raos, botên sagêd ical-ical, têmahan namung mêmpên wontên ing sanggar pamêlêngan, muntu panggalih milalu sirna katimbang ambibrah pranataning praja.

Sang Dewabrata priksa klèjêming rama, ciptaning panggalih sêdya anêtêpi darmaning putra adamêl lêganing sudarma, murih dhatêng Dèwi Sêtyawati puruna kagarwa ing Rama, punapa ingkang dados bêbananipun, badhe dipun lêksanani. Sang rêtna cariyos, botên gadhah cariyos malih kêjawi kados ingkang sampun kaaturakên sang nata: purun kagarwa, anggêr patutanipun mêsthi sumilih ing kaprabon. Sang Dewabrata nyagahi, sariranipun milalah botên badhe jumênêng nata, nanging Sang Rêtna Sêtyawati taksih ngoyak, turunipun Sang Dewabrata, manawi prêlu taksih sagêd jumênêng nata, badhe sagêd nyirnakakên bêbana wau. Awit saking punika, Sang Dewabrata lajêng prasêtya wadat tanpa krama. Sang rêtna lajêng kagarwa ing Rama. Wiwit punika Sang Dewabrata lajêng pinuji ing jagad raya. Para dewa sami ngalêmbana, maringi jêjuluk: Sang Bisma, têgêsipun ingkang anggêgirisi.

--- 104 ---

Dèwi Satyawati patutan kalih: Radèn Citranggada, Citrawirya. Sasedaning Rama lajêng sumilih kaprabon sarta dipun kramakakên ingkang raka Sang Bisma, nanging lajêng sami seda botên atilar putra. Sang Bisma pinêksa-pêksa ingkang ibu kuwalon sumilih kapraboning ari sarta ngarang ulu para garwa, anêtêpi tata cara lan lêlurining lêluhur, nanging sangêt akipa-kipa, awit mênggahing sariranipun namung nêtêpi wajib sarta nêtêpi kautaman ingkang kaanggêp luhur. Wusana Sang Dèwi Satyawati lajêng anjibahakên dhatêng putranipun patutan saking Rêsi Palasara, nama Wyasa, utawi Abyasa, sumilih kapraboning ari sarta ngarang ulu para garwa, lajêng nurunakên Pandhawa lan Korawa turun-tumurun mêngkoni nagari Ngastina. Makatên ringkêsaning cêcriyosan ingkang dados jêjêripun mêngku Ngastinapura, nanging manawi cêcriyosan Jawi makatên:

Bambang Palasara kêpengin krama widadari kados ingkang eyang, lajêng tapa nênuwun ing dewa. Sarêng remanipun dipun susuhi êmprit, rumaos kacamah. Êmprit kajêmparing botên kenging-kenging, lajêng kaoyak sapurugipun ngantos kalawun-lawun. Sarêng dumugi pinggiring lèpèn, êmprit musna babar dados Dewa Hyang Guru Hyang Naradha. Ing lèpèn wontên kênya nambangi, warninipun endah, nanging gadhah sakit kringêtipun anggônda awon. Sarêng dipun usadani Bambang Palasara sagêd waluya [walu...]

--- 105 ---

[...ya] malah anggônda wangi, nêtêpi patêmbaya lajêng dados jatukrama. Sang rêtna mrasajakakên putraning Nata Wiratha, sarta nyuwun karaton. Bambang Palasara muja wana ingkang wontên witipun ingas dados kadhaton, kanamakakên Ngastina. Pêputra satunggal Sang Abiyasa jumênêng nata ing Ngastina, turun-tumurun dhatêng Pandhawa sapiturutipun. Ujaring cariyos anêrahakên para nata Jawi dumugi samangke. Dados jêjêr utawi pancêring karaton punika saking pujan utawi kakipun sang nata piyambak ingkang kaanggêp lêluhur Jawi. Makatên manawi larasan Jawi.

Dene mênggah bedanipun wau, gagapaning pamanggih pancèn katêmaha kalarasakên cocogipun kalihan kawontênan utawi gêsang Jawi. Tandhanipun kathah sangêt bedaning larasanipun lêlampahaning ringgit ingkang makatên wau, saya lampahan carangan, punika kathah ingkang têtela nawung kajêng ingkang cocog kalihan lampahan ing tanah Jawi. Upaminipun lampahan Gilingwêsi, punika umumipun para dhalang ing Surakarta mastani lampahan saloka bêdhahipun Kartasura, namung wontên ingkang nindakakên beda-beda dhapukanipun, punika gumantung wontên kajêngipun piyambak-piyambak saking anggènipun sami badhe nocogakên raosipun.

Mangsuli panglaras lampahan Palasara anggènipun muja kadhathon [kadha...]

--- 106 ---

[...thon] piyambak. Wontên sarjana linangkung ingkang marah dhatêng kula supados kamanah ingkang panjang lan lêbêt, gathukipun kalihan kawontênan cocogipun utawi anggènipun prasasat tunggil dhasar kawontênanipun Hindhu kalihan ngriki, ananging beda gumêlaripun, utawi larasaning raosipun, kados ta: kawontênaning candhi-candhi Hindhu kalihan ngriki, bokmanawi inggih sagêd ugi pancèn nunggil asli, nanging pancèn inggih sami baku utawi madêg piyambak-piyambak, punika namung kula sumanggakakên para sarjana sujana, awit kula rumaos tuna sangêt.

Mangsuli bab cêcriyosan wayang. Kêjawi cêcriyosanipun ingkang sampun kaaturakên wau, anggènipun anglaras raos lan pikajênganipun tumrap cêcriyosan wujud lan pirantosipun, punika mênggahing sadhèrèk Jawi mukêt sangêt, mila ragi sawatawis kathah para sarjana Eropah ingkang mangandikakakên, para marsudi ingkang badhe nyumêrêpi utawi nitik kawontênan Jawi saèstu, punika kaprayogèkakên mawas utawi ngêmatakên para sadhêrèk Jawi anggènipun ngraosakên kawontênaning wayang.

Tumraping wayang adhakanipun ingkang karaosakên, punika sanggitaning lêlampahan, tindak, pambêgan utawi wêwatakan. Upaminipun cariyos Lokapala, ingkang kêrêp dados [da...]

--- 107 ---

[...dos] wiraosan, anggènipun Rêsi Wisrawa ambabar Sastrajendra yuningrat kêkêranipun. Rêtna Sukèksi ngantos kagarwa piyambak, têmah anurunakên Kalamurka Prabu Rahwana, utawi Dasamuka. Sarta Bambang Sumantri, Patih Suwônda. Ngantos Panjênêngan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 mèngêti dados piwulang Tripama, tumrap lêlabuhaning prajurit sarta pasuwitan, inggih punika guna, kaya, utawi purun pêjah (wani). Arya Kumbakarna kangge têtuladan antêping manah, nglabuhi praja siti wutah rahipun ngantos dumugi pêjah rontang-ranting. Sanadyan aturipun dhatêng ingkang raka murih raharja botên kadhahar, malah dinukanan, nanging botên mutung, lêstantun mantêp labuh praja siti wutah rahipun dumugi pêjah. Sanadyan bôngsa ing Ngatasangin inggih wontên ingkang kêpranan sangêt dhatêng antêp lan luhuring pambêganipun Arya Kumbakarna wau. Sarêng dipun dongèngi Dhoktêr Cipta Mangunkusuma bab raosipun sêrat Rama lajêng cinitra wontên ing karanganipun wau, malah anggayut ngraosakên lêlabuhanipun Arya Wibisana, anggènipun ambalik tumut mêngsah Sri Ramawijaya punika nama ngantêpi lêrês, anggondhèli adil, nanging nilar wajib botên labuh praja. Wêkasan saking anggènipun ngantêpi lêrês sarta anggondhèli adil, sagêd manggih kamulyan. Manawi para sadhèrèk Jawi, wontên ingkang ngraosakên, [ngrao...]

--- 108 ---

[...sakên,] pêpuntoning tekadipun Arya Wibisana makatên wau, namung saking anggènipun anggondhèli prajanipun, wusana sagêd kasêmbadan sayêktos, praja Ngalêngka wangsul dhatêng darah Ngalêngka. Upami Sang Gunawan Undhagi Wibisana botên ambalik tumut mêngsah, praja Ngalêngka mêsthi botên saged dhawah trah Ngalêngka malih. Lah, inggih kêkiranganipun punapa Sang Gunawan Undhagi Arya Wibisana. Sanadyan ambalik tumut mêngsah tiyang Wisnu ngejawantah, namung prêlu mêmayu ayuning bawana sayêktos, dene Kalamurka angkara angrisak donya. Sang Gunawan môngsa kêkilapana.

Makatên ompak-ompakanipun ki dhalang. Kêjawi para sarjana ingkang sampun kapratelakakên wau, wontên malih paduka nyonyah Dhoktêr Anibèsên, sarjana misuwur ing donya, dhêdhasar kabatosan ingkang tansah anggalih kalairan utawi karaharjaning donya, ngandikakakên panglaras utawi panyinaunipun dhatêng wayang inggih makatên punika. Pratelanipun, Sêrat Mahabrata punika panglarasipun kêdah mawi pamikir ingkang lêbêt, mila namung tumrap para ingkang sampun sagêd, amargi para ngawirya lan para wira ingkang pantês dados sudarsana punika botên sagêd murni kawontênanipun, botên kados Sêrat Rama, gampil, kados ta: Sang Rama, punika tuladanipun priya ingkang sampurna. Lêsmana, watak bêkti,

--- 109 ---

Barata: adil, Sinta makatên ugi, gêgambaranipun wanodya ingkang sampurna. Tumrapipun wayang purwa, ingkang dados sudarsana punika para Pandhawa, punika sagêd katiti wontên pangrêngganing cêcriyosan bab watakanipun para Pandhawa. Kados ta: Sri Yudhisthira, ambêgipun lila ing donya, tega ing pati, wong sapraja padha suka bungaha, sinandhang lara prihatine. Sang Sena: sapa bêcik binêcikan, sapa ala dèn alani, sanadyan bau kanan kering yèn ala binuwang. Dene pambêganipun Radèn Arjuna: nyamirana amaratani, têtêp kasatriyanipun, rêmên têtulung, sarta sampun sagêd mangrèh hawa napsu, kagôntha wontên ing Sêrat Wiwaha. Wontên ing kalawarti timbul kaudhal raosipun, tumrap para ingkang anggatosakên bab punika, rumaos kêpranan sangêt. Mênggah pambêganipun Sang Nangkula Sadewa: botên amrêduli piawoning sanès, nanging sariranipun piyambak kaangkah sangêt sagêda tansah nêtêpi kautaman. Cêcriyosan makatên punika, manawi sadhèrèk Jawi lugu, klêbêt ing raos.

Bab wujuding wayang purwa wontên ingkang ngrêmbag, manawi manut gêgambaran, utawi wêwujudan, kenging kawastanan botên wangun, kados ta: tangan panjang klèngsrèh suku, irung-irungan, mripatan, sasaminipun, punika inggih sami nyêngklèng kalihan kayêktosanipun. Sawênèh mastani: mirit wujuding ayang-ayangan, [ayang-a...]

--- 110 ---

[...yangan,] nanging kok inggih sakêdhik sangêt irib èmpêripun. Wontên malih ingkang sagêd dhatêng bab wayang mastani: kawujudaning wayang makatên punika ingkang kamanah:

1. Prigêling panindak kawayangakên.

2. Cocogipun raosing rêrênggan. Punapa saking kula sampun matuh utawi rêmên dhatêng kawontênaning wujud makatên punika.

3. Mirit raosipun, kawujudaning wayang makatên punika ingkang kapêtha, pancèn sanès kawujudan lugu punika, sayêktosipun amêtha wêwatakan, upaminipun: Sang Arjuna, sanadyan warni-warni wandanipun, nanging bakunipun têtêp, pêpêthaning watak: alusing budi, susila mumpuni ing aguna. Karna: punika pasêmon ladak, nanging sambada, prawira, sura sakti. Wrêkudara: lugu, prasaja, ngantêpi lêrês lan adil, santosa prawirèng yuda. Dursasana: adigang adigung, prasaja lan balaba. Makatên sapiturutipun.

Wondene mênggahing têtingalan Jawi, punika tumrapipun para sadhèrèk Jawi kados kula, barang makatên punika, ingkang dipun tingali utawi karaosakên, dede sontan-santuning kawujudan lan sêsawangan, sayêktosipun: raosipun. Mila upami ningali wayang lulang, jogèd wirèng, gêndhèng gêndhing, punika sanadyan wongsal-wangsul namung sawarni, anggêripun laras [la...]

--- 111 ---

[...ras] raosipun, mêsthi malah saya sêngsêm, mila kathah ingkang sami anggondhèli têtêmbungan: rêmên baku ingkang sampun kalimrah. Kados cêkap samantên atur kula cêcriyosan wayang. Wosipun atur kula:

1. Panglarasipun sadhèrèk Jawi lugu dhatêng bab wayang punika beda kalihan panglaras pamarsudining kawruh (wetênsêkap)

2. Kula nyondhongi gêgêlaranipun para sagêd ingkang nêtêpakên: bilih wayang, punika kabudayan Jawi. Wusana sumôngga.

--- 112 ---

Bab Kabudayan Tuwin Kagunan Jawi.

Mêthik Anggitanipun, Cantrik ing Giri.

Gêsanging manungsa wontên ing alam donya, mêsthi gêgathukan utawi sêsambêtan kalihan kawontênan tuwin kadadosan ing sakiwa têngênipun, pundi ingkang dèrèng anocogi kalihan pangraosipun, mêsthi lajêng ambudi daya ngangkah supados laras kalihan pangraosipun. Budidaya sarta pangangkah wau anjalari ajênging pikir sarta pangraos, saking dayaning angulir budi tuwin ebahing pangraos, anjalari babaripun kulturing satunggal-tunggaling bôngsa. Saking ngriku lajêng anuwuhakên tatacara tuwin tata krama. Luhur sarta andhapipun kulturing satungal-tunggaling bôngsa punika kacihna wontên ing yêyasanipun. Cihnanipun manawi kultur Jawi adhêdhasar watak kapandhitan, punika katitik wontên ing raosing sêrat-sêrat (buku), gêndhing, kasusastran, têmbung, ringgit (wayang) jogèd, wanguning griya, rêca, dhuwung, pangangge sapanunggilanipun. Dados padatan, tatacara, tatakrama, dêdamêlanipun satunggal-tunggaling bôngsa punika saking nglêbêt pinangkanipun, kenging kagrêba: lagu utawi lampahing jiwa anggèning tumindak dhatêng

--- 113 ---

ing kadiwasan, mila manawi salah satunggal dipun ewahi, têgêsipun dipun santuni ingkang botên laras kalihan dhasaripun, bêbasan anyarimpung lampahing kadiwasan (rabuk ingkang botên cocog), kosokwangsulipun manawi nunggil dhasar, malah adamêl rikating kadiwasan, lajêng nama bêsutan. Bobotipun jêram kêprok punika tuwuhan tanah Jawi, nanging manawi dipun tanêm ing papan ingkang hawanipun bêntèr, raosipun malih kêcut sarta alit-alit, cara Purwarêjan dipun wastani jêram kuwik. Ingkang makatên wau bokmanawi botên beda tumraping manungsa, jêr sadaya wau ajênging kadiwasanipun sarana têdha tuwin hawa. Sarèhning angèl pamilihipun, pundi ingkang dhasaripun tunggil jinis, sarta pundi ingkang cêngkah, mila cara bodhon bokmanawi kêdah waspada, prayogi nalêsihakên kultur kita piyambak rumiyin, kenginga kangge nampèni utawi anjodhokakên kalihan kultur mônca. Awit manawi dèrèng rampung dhatêng gadhahanipun piyambak, kadospundi sagêdipun amastani manawi kultur mônca wau jodho (tunggil laras) utawi botên, wêkasan manawi anjodhokakên sagêd kalèntu.

Santosa ing budi, madhêp, mantêp, trêsna ing liyan punika saking pangintên kula, saking nglêbêt pinangkanipun. Manawi prabot nglêbêt dèrèng sumilak, dados sawêg dumunung wontên lathi,

--- 114 ---

bokmanawi sagahipun dhatêng kasantosaning budi, trêsna ing liyan sapanunggilanipun amung sakêdhap. Manawi kapêngkok pôncabaya, padatan dalasan kula, bokmanawi ubaya ambalenjani. Mila lajêng wontên piwulang: marma ing sabisa-bisa bêbasane muriha tyas basuki (Wedhatama). Awit ingkang dados sambekalaning trêsna punika: jail, drêngki, srèi, dahwèn, sêndhon, para waonan, suthik asor kudu luhur, rêmên goroh, sapanunggilanipun. Manawi watak-watak wau sampun dipun olah, kados kemawon gampil dipun purih trêsna ing liyan. Mila sintên ingkang sampun santosa budinipun, mantêp ing samukawis ingkang sampun kamanah lêrês, trêsna ing liyan, pikiranipun sampun diwasa.

Kajawi sampun wontên têtuladan, kala jaman Majapahit têtiyang Jawi sampun wiwit diwasa kalairan tuwin kabatosanipun, ugi ing dalêm cariyos ringgit (wayang), wontên lampahan ingkang suraosipun suka tuladha ing bab pilahing kalairan tuwin kabatosan, inggih punika manawi botên kalèntu anggèn kula nyuraos, kala Radèn Sumantri suwita Prabu Arjunasasra. Sasampunipun Radèn Sumantri katampi pasuwitanipun, lajêng dipun biyantokakên dhatêng nagari Magada, dening kinêpung ing Ratu Sèwunagari, amargi sami ngajêngakên [ngajênga...]

--- 115 ---

[...kên]

Dèwi Sêtyawati. Sadumugining Magada, Ratu Sèwunagari kenging kaundurakên dening Radèn Sumantri, sarta têluk sarwi sami nyaosakên putrinipun. Dalasan para putrinipun kairid dening Radèn Sumantri sowan Sang Prabu Sasrabahu. Sadèrèngipun dumugi ing ngarsa nata, Radèn Sumantri darbe unjuk, sarèhning putri utami, pisowanipun kêdah rinêbat ing pêrang. Prabu Sasrabahu nayogyani panyuwunipun Radèn Sumantri, wêkasan prang tandhing, Prabu Sasrabahu mèh kalindhih, lajêng tiwikrama. Ing ngriku Radèn Sumantri lajêng ngalumpruk tanpa bayu, nalôngsa minta aksama. Sapunika Sang Prabu gêntos kagungan pêpanggil. Radèn Sumantri kadhawuhan mutêr Taman Sriwêdari dumunung ing wukir Nguntara, kabêktaa dhatêng Maèspati, wêtah sampun ngantos wontên wêwarnèn ingkang ewah, dalasan talaganipun sampun ngantos asat, badhe kagêm lêlangên jangkêpipun anggèning palakrama. Manawi Radèn Sumantri botên sagêd mutêr taman wau, dadosa mêngsah salami-laminipun. Radèn Sumantri nyandikani lajêng pamit, sadumugining jawi lênguk-lênguk sarwi karuna, dene rumaos botên kaconggah mujudakên pamundhutipun sang prabu. Botên dangu Radèn Sukasrana dhatêng awor angin, sasampunipun bage-binage, takèn dhatêng ingkang raka, punapa sababipun têka arawat waspa. Radèn Sumantri prasaja

--- 116 ---

bilih dèn utus dening sang prabu kinèn mutêr Taman Sriwêdari nanging botên kaconggah, panggenanipun malih sumêrêpa, mirêng namanipun kemawon sawêg sapunika. Gunggunganipun, Radèn Sukasrana nyagahi, nanging gadhah panyuwun dhatêng ingkang raka, manawi sampun kalampahan, kaparênga andhèrèk, awit botên sagêd pisah. Radèn Sumantri nyagahi panyuwunipun ingkang rayi, ugêr taman Sriwêdari sagêd kalampahan dipun putêr. Ingkang raka nuntên dipun gendhong. Radèn Sukasrana lajêng mahawan ing ngawiyat, sakêdhap dhatêng ing wukir Nguntara. Sarèhning Radèn Sukasrana sumêrêp manawi dadosing taman sarana cipta, mila pamboyongipun ugi kêdah anandukakên dayaning cipta. Sasampunipun ingkang raka dipun purih malêbêt ing Balekambang, Radèn Sukasrana nuntên angubêngi taman kaping tiga, lajêng wiwit manêkung, sidhakêp asuku tunggal, ngêningakên cipta, katarima ing dewa dadosa ciptanipun, sakala taman Sriwêdari ebah, jumêgur swaranira, sanalika sirna taman Sriwêdari. Radèn Sukasrana nuntên mêsat ing gêgana, niyup anjujug sacêlaking pura Maèspati. Sadhatêngipun ing ngriku lajêng manungku cipta malih, taman Sriwêdari cinipta sakala dados jangkêp botên wontên ingkang kacicir. Kocapa têtiyang sanagari, sami alok manawi wontên taman tiban saking swarga. Wêkasan katur sang prabu. Sri nata nulya

--- 117 ---

têdhak kalihan kang garwa. Dupi Radèn Sumantri wuninga manawi sang prabu rawuh, ngatag ingkang rayi kinèn angiwa, mindhak damêl kuciwa anggèning suwita, margi kang rayi kuciwa ing warni. Radèn Sukasrana botên purun. Radèn Sumantri angagag-agagi sanjata cakra supados ajrih, nanging sampun karsaning dewa, sanjata cakra lumêpas angèngingi Radèn Sukasrana, pêjah sanalika.

Ingkang makatên wau minôngka pralampita, sintên ingkang badhe angangkah kadonyan, mawia sarana Radèn Sukasrana (kawruh kadonyan, wetênsêkap), nanging supados Radèn Sumantri sagêd nunggil dados warangkanipun Wisnu, Sukasrana kêdah dipun pêjahi, awit manawi Radèn Sukasrana dèrèng pêjah (lêrêm), saèstu botên sagêd ênêng, êning, wêkasan botên awas lan eling. Kadospundi ingkang dados ciptaning manungsa, inggih makatên wujudipun. Ingkang makatên punika kenging kapêsthèkakên. Amung kemawon sarèhning natir punika adil, mila botên kenging anyupèkakên nalar, têgêsipun manawi ingkang dados ciptanipun dipun samêktani yêktos, inggih tumuntên kalêksanan, kosok wangsulipun manawi sasêkecanipun gèk èngêt gèk botên, sampun mêsthi kemawon dangu.

Sagadug-gadug kula badhe nalusur yêyasanipun bôngsa kita Jawi [Ja...]

--- 118 ---

[...wi] satunggal kalih, sambêtipun kalihan dhasaring wêwatakanipun.

Bab Ringgit (wayang)

Saking rumaos kula sami-sami kagunan Jawi, ringgit punika ewoning têtingalan ingkang cocog piyambak, kalihan raos Jawi. Bobotipun sampun ngancik ing jaman ingkang limrah dipun wastani jaman kamajêngan, ewadene têtingalan ringgit mêksa taksih dados kalangênaning bôngsa kita kalêbêt ngajêng. Mirid dhatêng wujudipun, garapanipun, cariyosipun tuwin tabuhanipun, sajak sampun jumbuh kalihan dhasaripun bôngsa kita Jawi. Sarèhning punika gambaring tiyang, mila manawi dipun raosakên sarana lêlandhêsan kawruh gambar, pinanggih nyêngkalipun. Awit manawi mirid kawruh gambar, tiyang punika irungipun botên lancip. Lancip-lancipipun amung saambangir, astanipun botên mèh dumugi suku. Ringkêsanipun manawi dipun udhari, awêwaton kawruh gambar, kathah ingkang botên laras kalihan kawontênaning tiyang. Ewasamantên manawi dipun ewahi, dipun turutakên kalihan perangan badaning manungsa awêwaton kawruh, tumrap pangraos tuwin sêsawangan Jawi lajêng botên sakeca. Dados têtela manawi wayang punika kajawi nawung raos ingkang lêbêt, ugi sampun rumasuk dhatêng rahipun tiyang Jawi. Limrahipun satunggal-tunggaling lêlangên, punika mêmpan lan mapanipun, sêsambêtan kalihan umur, [u...]

--- 119 ---

[...mur,] nanging tumrapipun wayang botên makatên: lare, jaka, tiyang sêpuh inggih mathuk, langkung-langkung para ingkang ahli raos. Ingkang makatên wau sarèhning angèl anggèn kula madosi sababipun, mila lajêng radi pitados, bilih ingkang yasa wayang dalasan ingkang andhapuk tabuhanipun punika, sarjana ingkang sampun katarimah.

Dèrèng dangu punika ing antawising para mudha, wontên ingkang nyobi, ngewahi wancining ringgitan, kalarasakên kalihan kawontênanipun gêsang padintênan, inggih punika wanci wiwitipun ringgitan dipun ewahi: jam sakawan sontên dumugi sanga dalu. Nanging botên widada, amargi katingal cêblèh sarta botên sakeca dhatêng pangraos.

Kula sampun nate dipun cariyosi tiyang sêpuh, bilih cêcriyosan tuwin kawontênaning wayang punika, kajawi isi têtuladan kawruh lair tuwin batos, ugi dados prasêmoning kasidan jati. Cariyosipun tiyang sêpuh wau makatên: wayang sakothak punika, ibaratipun titahing ngalam donya. Mila winastan wayang, awit sajatosipun, manungsa dalasan ingkang gumêlar sadaya punika, ayang-ayanganing Gusti, gadêbog minôngka prasêmoning bumi ingkang kita dunungi, atêgês wayang wontên ing panggungan. Kêlir minôngka badan, ki dhalang anggèning molahakên ringgit, wontên sawingkinging kêlir (aling-aling [(a...]

--- 120 ---

[...ling-aling] badan), samobah mosiking ringgit, dumunung wontên ki dhalang sarta ki dhalang ingkang karya lampahan. Miturut dalil Kuran, dene Pangeranira iku nitahake barang kang dikarsakake, lan amilih barang mau, ora ana pamilih tumraping manungsa (manungsa ora bisa duwe pamilih).§ Koran: 28: 68. Warobbuka jahlukhu ma jasa'u wajahtaru ma kana lahumu 'lhijaratu. Dene balencong ngibarat pêpajaring jagad kita pribadi, inggih nur Mukhamad. Sanadyan ki dhalang kuwaos amolahakên sarta andhapuk lêlampahaning ringgit, ananging mênggah sajatosipun, ugi winisesa ing ringgit. Amargi manawi tanpa ringgit, ki dhalang botên sagêd anêdahakên purba wisesanipun. Mila tinêmbungakên amisesa, winisesa, daya-dinayanan, botên sagêd pisah, pindha satu lan rimbagan, latu kalihan urubipun, kaca kalihan ingkang ngilo.

Saking karsanipun ingkang nganggit wayang, botên namung minôngka prasêmon dununging Allah kalihan kawula kemawon, ugi nawung raos sanès, inggih punika dados prasêmoning gêsanging manungsa wontên ing ngalam donya, ngantos kukud anilar alam donya punika. Miturut cariyosipun tiyang sêpuh, lênggahipun makatên: lampahan ringgit sadalu punika, minôngka prasêmon kawontênaning gêsang kita wontên ing ngalam donya. Sontên jêjêr gêndhing salendro pathêt nêm, dumugi antawising jam [ja...]

--- 121 ---

[...m] sawêlas utawi kalih wêlas dalu. Jêjêr punika limrahipun narendra awawan sabda kalihan patihipun, anggèning badhe ngêlar jajahan utawi sanès-sanèsipun, ringkêsanipun kemawon anggusthi ingkang dados pangèsthining manah ingkang tumuju dhatêng kadonyan, laras kalihan pathêt nêm. Bakda punika lajêng pagêlaran, kyana patih andhawuhakên karsa nata, nuntên bidhal sawadyabala. Samangke lajêng jêjêr sabrangan, angrêmbag ingkang dados èsthining panggalih, limrahipun sambêt kalihan jêjêr kapisan. Nuntên prang gagal. Wadyabala pêthukan wontên ing margi, nanging botên wontên ingkang pêjah, sami simpangan. Lampahan dumugi samantên limrahipun sampun jam sawêlas utawi satêngah kalih wêlas.

Miturut karsanipun ingkang nganggit wayang, punika minôngka prasêmonipun lare, wiwit umur nêm taun sampun tumangkar pôncadriyanipun. Saya agêng pôncadriya saya tumangkar, tumuju dhatêng kadonyan, raosipun salaras kalihan pathêt nêm. Ubaling pôncadriya wau satêmah dados kamurkan. Nanging sarèhning sawêg nêdhêng-nêdhêngipun, taksih wanci tumambirang, pikajênganipun taksih sarwa rosa satimbang kalihan badanipun, mila dèrèng sagêd mêjahi ubaling pôncadriya (prang gagal dèrèng wontên ingkang pêjah). Ringgitan manawi sampun dumugi prang gagal, sampun dumugi wanci jam sawêlas utawi satêngah [satê...]

--- 122 ---

[...ngah] kalih wêlas, nuntên jêjêr pandhita tuwin bambang, têgêsipun manawi mênggahing tiyang sampun umur kawan dasanan. Larasipun wiwit ewah. Samangke wiwit tumuju dhatêng dhasar kapandhitan, wiwit sagêd nyandhêt ubaling hawa napsu, mila dipun pralambangi bambang prang kalihan danawa, rasêksa sirna dening bambang. Wiwit bakda prang gagal, gêndhing gantos pathêt sanga, dumugi lingsir dalu. Nuntên gantos raras pathêt manyura. Manyura wêrdinipun mêrak. Manawi manungsa sampun wanci lingsir, samukawisipun sarwa suda, sampun nyêlaki (mêraki) kukud. Ing ngriku wangsul jêjêr sabrangan malih, rêmbag lajêngipun ingkang sampun kocap nalika sontên, nuntên prang sampak, Arya Wrêkodara wuru prang mêngsah danawa, wêkasan danawa sirna larut, lajêng tayungan mantuk, tancêb kayon bibar. Têgêsipun, manawi manungsa dumugi ing sakaratil maot, ing ngriku dumugining panggodha, rêridhu warni-warni, wontên awarni bapa biyung, wontên ingkang memba sadhèrèk, wontên ingkang awarni brêkasakan, sami anggora godha amrih sasaring lampah. Karsanipun ingkang nganggit, asung pêpèngêt, supados kados Arya Wrêkodara, anggèning ambengkas sagunging pangrêncana ing alam ngriku. Kayon (gunungan), atêgês kayun, khayun (urip), minôngka dados baboning dumadi. Manawi alêlandhêsan raos, gunungan punika sadalu namung mêdal kaping tiga: sontên, [so...]

--- 123 ---

[...ntên,] sadèrènging jêjêr, têngah dalu, lajêng bibar tancêp kayon. Punika minôngka prasêmoning manungsa wontên ing donya: lair, gêsang, nuntên pêjah.

Mênggah panampi kula, kajawi kagunan wayang punika isi suraos kados ingkang kajarwa ing nginggil, ugi satunggal-tunggaling lampahan (lakon) mêngku pralampita sarta têtuladan warni-warni. Emanipun sasumêrêp kula, dèrèng wontên pakêmpalanipun para ahli raos sarta ahli budi, ingkang kaparêng ngadani andhapuk lampahan enggal, ingkang piridanipun laras kalihan jaman ingkang kita idaki. Kula sêring ningali ringgitan, lampahanipun enggal, limrahipun tinêmbungakên lampahan carangan. Nanging ingkang kathah: dhapukanipun dhalang limrah, têgêsipun botên ahli raos tuwin kawruh, mila ingkang kathah lampahan carangan punika amung sarame. Nanging manawi dipun sèlèhakên dhatêng babagan kasukman, sarta babagan kadonyan, anggaronjal. Kula andhèrèk sangêt sarta suka sukur ing Gusti, dene sapunika para sarjana sampun kaparêng angadani, ngajêngakên kawruh padhalangan.

Bab Jinis Sarta Cacahing Ringgit (wayang)

Ringgit ingkang limrah dados têtingalanipun bôngsa kita ing tanah Jawi wêdal sapunika, kantun kawan warni, inggih punika: 1. ringgit purwa, 2. ringgit gêdhog, 3. ringgit krucil [kruci...]

--- 124 ---

[...l] utawi klithik, tuwin 4. ringgit golèk. Dene ringgit bèbèr sarta ringgit madya wontênipun ing gêsang padintênan awis-awis kasrambah.

Lampahan ingkang tumrap ing ringgit purwa, ingkang kalimrah ing padhalangan, sarta wontên ringgitipun, punika miturut Sêrat Pustaka Rajapurwa, wiwit cêcriyosanipun para dewa putranipun Sang Hyang Jagatnata gangsal, angejawantah jumênêng nata wontên ing pulo Jawi, Sumatra tuwin Bali, 1. Sang Hyang Sambo ajêjuluk Raja Maldewa, angadhaton ing nagari Mêdhang Prawa, dumunung wontên ing tanah Sumatra. 2. Sang Hyang Brahma ajêjuluk Sri Maharaja Suna, akêkitha Mêdhanggili, tanah Bantên. 3. Sang Hyang Endra, ajêjuluk Sri Maharaja Sakra, yasa kitha ing Mêdhanggana, dumunung ing tanah Prabalingga, 4. Sang Hyang Wisnu ajêjuluk Sri Maharaja Suman, akêkitha ing Mêdhangpura, kalêbêt tanah Têgal. 5. Sang Hyang Bayu, ayasa nagari wontên ing Mêdhanggora, kalêbêt talatah Bali, ajêjuluk Sri Maharaja Bima. Lêlampahanipun karaton gangsal wau ing padhalangan ugi dèrèng nama kalimrah yêktos, têgêsipun tiyang dèrèng limrah nanggap ringgit lampahan jamanipun karaton gangsal wau, namung kala-kala miturut piandêlipun bôngsa kita, manawi ringgitan ingkang magêpokan bangsaning ngruwat pagêblug, sarta bangsaning pakaulan, kados ta: 1. lampahan [lampah...]

--- 125 ---

[...an] Banjaran Jali, 2. lampahan dhaupipun Sri Maharaja Suman (Wisnu) kalihan Dèwi Pratiwi. 3. Lampahan Pakukuhan, 4. lampahan Ngruwat. Bangsanipun lampahan ringgit ingkang kados makatên punika, limrahipun dipun wastani lampahan sêpuh, botên rame.

Umumipun lampahan ringgit ingkang dipun sênêngi tiyang kathah, punika wiwit wontênipun pratapan Saptarga, dados wiwit lêlampahanipun Bagawan Manumayasa ing Martawu, ngantos dumugi ing prang Bratayuda. Dene ingkang têtêp bêbasan kalêbêt ing balung sungsum punika, tumrapipun para ingkang rêmên nênonton ringgit, lampahan sasampunipun Nata Pandhawa, Dwarawati tuwin Ngastina wontên. Punapa ingkang dados sababipun, kula piyambak botên sagêd andugi. Nanging limrahipun manawi ringgitan, lampahanipun botên ngucapakên kraton têtiga wau: sami gêla. Bokmanawi kabêkta saking wêdaling ringgit ingkang dados kasênênganipun. Umumipun ringgit ingkang dipun sênêngi bôngsa kita Jawi punika: 1. Prabu Krêsna, 2. Nata Pandhawa sadaya, 3. Radèn Gathutkaca, 4. Radèn Ôntasena, 5. Radèn Abimanyu, 6. Radèn Irawan, 7. Radèn Priyêmbada, 8. Radèn Wijanarka, 9. Radèn Sêtiyaki, 10. Prabu Baladewa, 11. Adipati Karna, 12. Radèn Anoman, 13. Prabu Dasamuka, 14. Danawa cakil,

--- 126 ---

15. Prabu Boma Nrakasura, 16. Petruk, dalah Nalagarèng, tuwin Sêmar. Bagong botên. Dene ringgit èstri: Wara Sumbadra, Wara Srikandhi, tuwin Banowati. Anggèn kula sagêd mastani manawi ringgit samantên kathahipun, kalêbêt manahipun sadhèrèk bôngsa Jawi, punika kajawi sami kalair gêla, manawi lampahanipun botên ngucapakên saperangan saking ringgit-ringgit wau, ugi katitik wontên grêngsêngipun para ningali. Sanadyan sawaunipun katingal radi lolop, nanging manawi salah satunggal saking ringgit wau mêdal, lajêng katingal sumringah polatanipun. Sajak migatosakên. Manawi pangintên-intên kula kapara yêktos, sagêd ugi badhe dados katrangan ingkang anjalari ringgit sanès-sanèsipun botên katingal majêng. Awit tumrapipun bôngsa kita Jawi ingkang rêmên ringgit, dhatêng ringgit ingkang kajarwa ing nginggil, sajak sampun têpang sangêt. Manawi pinuju ningali ringgit tansah angajêng-ajêng wêdalipun. Manawi salah satunggal saking ringgit-ringgit wau wontên ing salêbêting sangsara, kajawi Prabu Dasamuka, manahipun para mirsani sami karaos, ing sêmu badhe nulung-nulungana. Raosing manah ingkang kados makatên punika, wontênipun sampun kina-kumina, malah kathah ingkang ngantos nangis. Kosok wangsulipun ringgit-ringgit ingkang anjalari tuwuhing panandhang, [pa...]

--- 127 ---

[...nandhang,] kados dipun gêcêk-gêcêka. Dene raos sênêng, manawi Prabu Dasamuka mêdal, punika botên sabab badhe tumut sênêng manawi antuk kabêgjan, malah kosok wangsulipun. Sarèhning ringgit satunggal punika sugih piawon, ing môngka kasêktènipun ngungkuli ringgit mèh sakothak, mila dipun ajêng-ajêng mêdalipun. Kosok wangsulipun manawi Prabu Krêsna tuwin Anoman lajêng mêdal, para ingkang ngrêtos wataking ringgitan, sampun ayêm, awit kumaranipun Rawana mêsthi sirna dening kalangkunganipun ringgit kalih wau.

Miturut sêrat kawruh asalipun ringgit, gubahanipun Radèn Mas Mangkudimêja, ingkang amurwani mangun wadananing ringgit purwa punika, kala jumênêngipun Panêmbahan Senapati ing Mataram: Arjuna wônda jimat, Bima wônda mimis, tanpa dodot, namung cawêt polèng. Sarampungipun, lajêng kaparingan sangkala mêmêt awarni dewa: Bathara Guru nyêpêng têkên cis. Ing wingkingipun mawi umbul-umbul. Sangkala ingkang kados makatên wau têgêsipun taun 1541.

Kala jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan (Prabu Anyakrawati ingkang seda ing Krapyak), ugi kaparêng amangun wandaning ringgit purwa: Arjuna wônda jimat, Bima wônda mimis, Suyudana wônda jangkung, ratu danawa wônda barong, sawadyabalanipun sami mripat kalih, tanganipun wingking taksih

--- 128 ---

irasan. Dêdamêl ingkang bangsaning lêlandhêp dipun wêwahi, kados ta: jêmparing, dhuwung, sapanunggilanipun. Wiwit kala samantên ringgit wacucal wiwit dipun sopak bau lêngênipun, namung Bathara Guru ingkang tanganipun taksih irasan. Langkung malih ing Jawi Wetan tuwin Kilèn, botên kambah babar pisan.

Kacariyos, sarampungipun lajêng kaparingan sangkala mêmêt awarni dênawa mirunggan, tangan kêkalih kasopak, mripat satunggal, nyangkêlit dhuwung. Ing padhalangan dipun wastani danawa panyarèng (danawa Cakil), têgêsipun sangkalan wau, tangan yaksa tataning jalma (1552).

Taksih awêwaton sêrat kasêbut ing nginggil, kacariyos sajumênêngipun Prabu Anyakrakusuma, nata ing Mataram, ringgit purwa wandanipun dipun bangun malih: Baladewa wônda gègèr, Krêsna wônda gêndrèh, Arjuna wônda mangu, ringgit lanyapan dêdêgipun sangkuk, mripat kajaitakên, Sumbadra wônda rangkung, Banowati wônda golèk, Sêmar wônda brêbês, Bagong wônda gilut, Petruk wônda jlêgong.

Dene ingkang mêwahi kêthèk, Sunan Giri. Sunan ing Benang mêwahi liman, kapal tuwin parampogan, Sunan Kalijaga nganggit balencong, kêlir tuwin gadêbog.

Mênggah ringgit gêdhok panganggitipun mirid sêrat kasêbut ing ngajêng, kala taun 1485. Dene ingkang nganggit, Sunan [Su...]

--- 129 ---

[...nan] ing Giri. Tabuhanipun gôngsa pelog. Lampahanipun sasumêrêp kula, anyariosakên lêlampahanipun nagari sakawan: ing Kêdhiri, ing Jênggala, ing Singasari, ing Ngurawan tuwin ing Bali.

Kala alitan kula, ing tanah Banyumas, Bagêlèn, Kêdhu, Ngayogya, Surakarta, Madiun, sanadyan botên kathah kados ringgit purwa, ewasamantên taksih wontên para priyayi tuwin para sugih ingkang kaparêng ringgitan ringgit gêdhog, nanging dumugining dintên punika têtingalan ringgit wau, kantun wontên ing wiraosan, langkung malih ing Jawi Wetan tuwin Kilèn, botên kambah babar pisan.

Dene ringgit kalithik utawi krucil punika ingkang kadamêl kajêng, wandanipun mirid ringgit purwa, tanganipun wacucal, tabuhanipun gôngsa salendro. Mênggah lampahanipun, anyariyosakên lêlampahanipun nagari: Pajajaran, Majapahit, tuwin ing Balambangan.

Sasumêrêp kula sami-sami ringgit, ringgit krucil wau katingal mundur piyambak. Kula mèh botên nate mrangguli, ringgit krucil dipun angge pasamuan tiyang gadhah damêl ingkang yêktosan. Sabên-sabên kula sumêrêp, ingkang mêsthi barangan, wah katingal botên jangkêp sadayanipun, amracihnani manawi kirang majêng.

Dene ringgit ingkang mèh imbang-imbangan majêngipun kalihan ringgit [ringgi...]

--- 130 ---

[...t] purwa, punika tumrapipun tiyang talatah Banyumas, Bagêlèn, Kêdhu tuwin kiwa têngênipun, ringgit golèk. Ringgit golèk wau ingkang kadamêl kajêng, wangunipun ngemba wujuding tiyang, mawi dipun cèt utawi dipun praos. Sandhanganipun ugi kados tiyang Jawi jaman sapunika: bêbêdan, rasukan cêkak, dhuwungan sarta jilidan. Wontên ingkang udhêng-udhêngan jêplakan, para raja makuthan. Wontên ugi ingkang ngangge udhêng gilig. Pirantosing ngringgit: gadêbog, blencong, tanpa mawi kêlir, gangsanipun salendro. Ringgit golèk wau anyariyosakên lêlampahanipun tiyang Agung Menak (Sayidina Ambyah) satriya ing Kuparman, mêngsah kalihan para raja ing wawêngkon tanah Asia, Aprika tuwin Eropa. Kenging katêmbungakên prang agami, amargi Sayidina Ambyah wau agaminipun, agami Ibrahim, para raja ingkang têluk lajêng sami ngrasuk sarengat Ibrahim.

Mênggah lampahan ringgit golèk wau kathah, sairib ringgit purwa. Kajawi lampahan ingkang limrahipun dipun têmbungakên, lampahan carangan, kathahipun lampahan tumrap ringgit golèk, sampun kamot ing sêrat Menak jilid satunggal, dumugi pitu, wiwit cariyosipun Prabu Sarehas tapa ing dhasaring samodra, ngantos dumugi bêdhahipun nagari Jambenambar, wêwah sêrat-sêrat ingkang ngêwrat cariyos lêlampahanipun Kangjêng [Kang...]

--- 131 ---

[...jêng] Nabi Mukhamad, sarta sêrat prang ing Lakhad, ingkang anyariyosakên sedanipun Tiyang Agung Menak, amargi prang cidranipun pluang dening Raja Lakhad.

Mênggah sababipun Tiyang Agung Menak alêlana andon prang, punika botên amung sabab amradinakên agami Ibrahim kemawon, inggih ugi saking pandamêlipun mara sêpuh Prabu Nusirwan, nata binathara ingkang kèlu dhatêng aturing patihipun nama Patih Baktak, ingkang wêkasanipun pêjah amargi dipun masak bubur dening mantunipun piyambak, Sang Dipati Umar Umaya.

Sampun kajarwa ing ngajêng, bilih tumrapipun ing talatah Banyumas, Bagêlèn, Kêdhu sarta kiwa têngênipun, ringgit golèk wau dipun ajêngi ing sadhèrèk kathah, beda kalihan ringgit gêdhog, krucil tuwin madya, bokmanawi sababipun ingkang adhakan: sapisan, wujud lan panganggenipun ringgit sakeca tumrap sawangan Jawi. Kaping kalih lampahanipun kathah. Kaping tiga kathah ringgit ingkang kalêbêt manahipun bôngsa kita Jawi, kados ta Tiyang Agung Menak saandhahanipun sadaya, inggih punika para raja-raja ingkang sampun kabawah ing nagari Kuparman. Kaping sakawan lampahanipun kathah ingkang elok-elok, botên beda kados cariyosipun ringgit purwa, kapara ngungkuli, kados ta: cariyosipun tiyang sagêd mabur, sagêd amblês ing bumi, sagêd ngical, botên pasah dening [de...]

--- 132 ---

[...ning] dêdamêl, sarta sanès-sanèsing kasaktèn, punapadene cariyosing jim. Kaelokan tuwin kasêktèn ingkang kados makatên wau, tumrap pangraosipun bôngsa kita Jawi sampun sakeca, malah manawi botên makatên, têgêsipun cariyos babagan paprangan ingkang amung mawi dêdamêl, upaminipun sanjata sagêd mungêl kaping satus, motor mabur, mriyêm sapanunggilanipun, rumaosipun kirang bukêt, cêblèh. Kaping gangsal cêcriyosanipun magêpokan kalihan agami, wiwit agami Ibrahim, ngantos gantos agami Mukhamad. Malah wontên ingkang saking cêcriyosanipun ringgit, magêpokan kalihan kawontênan kita. Kaping nênêm, sanadyan dèrèng nyamèni ringgit purwa, nanging sampun nama kathah têtuladanipun babagan piwulang lair tuwin batos, punapa malih dhalangipun, racak-racak wasis banyolan.

Mirid saking kawontênanipun, kintên-kintên ringgit golèk gampil tumularipun dhatêng sanès nagari, ugêr sarana dipun lanting dening satunggaling babadan. Awit kajawi kawontênan ingkang kawursita ing bab satunggal dumugi nênêm kasêbut ing nginggil, ugi umumipun para priyantun putri sami rêmên maos sêrat Menak. Dados manawi wontên ringgitipun, nama kalêrêsan dene dipun cariyosakên sarana wujud, ingkang sampun dipun tata prayogi.