Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B)

Katalog:Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75
Sambung:
1.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #781.
2.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #782.
3.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #783.
4.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #784.
5.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #785.
6.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #786.
7.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #787.
8.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #788.
9.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #789.
10.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #790.
11.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #791.
12.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #792.
13.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #793.
14.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #794.
15.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #795.
16.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #796.
17.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #797.
18.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #798.
19.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #799.
20.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #800.
21.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #801.
22.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #802.
23.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #803.
24.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #804.
25.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #805.
26.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #806.
27.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #807.
28.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: Z) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #808.

B

ba: (S) kw. ak sorot.

bab: (A) kn 1 jêjêring karangan; 2 prakara kang dirêmbug; 3 mungguh ing.

babad: I kn crita bab lêlakon sing wis kêlakon; di-[x]: dikarang dadi babad. II di-[x](-i) kn: ditêgori lan dirêsiki (gêgrumbulan, wit-witan lsp, dianggo padesan); [x]-an: palêmahan sing wis dibabadi; 2 êngg. (sawah) kang turun-tumurun (pusaka).

babag: (ut. sa-[x]) kn tandhing (mungguhing gêdhene, umur-umurane lsp); [x]-an: 1. bambinging prau kang diwrata (kanggo ngunggahake barang ing prau lsp); 2. mungguh ing bab ...

babah: I kn 1. (Cina babah) Cina pranakan; 2. (ut. bah) sêsêbutane Cina pranakan; [x] (ut. bah) buyut; sêbutane Cina pranakan sing wis tuwa. II di-[x] kn: dikêdhuki lan dibolong (tmr. bêbatur lsp. dianggo mbrobos); [x]-an: lawang; 3. (ut. babah) êngg. dadi jalaran, dhadhakan.

babak: I kn mlècèt kulite; [x] bundhas ([x] bunyak); tatu padha babak akèh bangêt. di-[x]: 1 disèsèti lsp. kulite (tmr. wit); 2 êngg. digosok nganggo babakan (tmr. bolah lsp); [x]-an: pêcèlan klikaning wit. II (ut. [x]-an) kn: 1 saandhêgan (tmr. gêndhing); 2 saperangan (tmr. carita ing wayang wong lsp).

babak-salu: kn bngs. klabang gêdhe.

babal: I kn mêtu ucul (saka ing kurungan, kunjaran lsp) II kn: pêntil gori (nangka).

babar: kn 1 (ut. m-[x]) bisa dadi akèh (tmr. olah-olahan); 2 (ut. m-[x]) dadi akèh, tangkar-tumangkar akèh (tmr. wiji lsp); 2 (ut.m-[x]) br.badhar, malih bali kaya wujude kang sakawit; 4 (ut. m-[x] (-ake) layar mbèbèr layar: m-[x]: 1 (ut. m-[x]-ake wadi) mbukak wadi (dikandhak-kandhakake); 2 wis dadi ut. wis rampung (tmr. gêgawean ngukir-ukir, ngêcap lsp); 3 nggarap lan ngrampungake; 4 nyoga bathikan; 5 ki. manak (duwe anak); 6 (ut. m-[x]-ake) nggêlarake (kawruh lsp); di-[x]-ake: 1 ditangkar-tangkarake (tmr. wiji); 2 didadèkake akèh; 3 dikon nggarap (nyoga) ing.

babaran: kn 1 kang wis dibabar (digarap, disoga); 2 br. wêdharan; 3 ki. duwe anak.

babarji: êngg. kn 1 babar-pisan; 2 pc. mati, sirna babar pisan.

babar-pisan: kn 1 kabèh (dikatutake); 2 pambangêt atêgês têmênan, up. durung [x]; mbabar-pisani: ngrampungi; dibabar-pisanake: dirampungake (dikatutake, diêntèkake) kabèh.

babas: (-an) êngg. kn dumadakan banjur, nuli.

babat: kn wadhuk pangrêmêtan pangan (tmr. kewan bêlèhan); [x] galêng ([x] sumping, [x] tawon lsp): ar. siji-sijining peranganing babat.

babi: kn bngs. cèlèng sing wis tutut.

(babing): di-[x] êngg. kn dibalang.

(babit): m-[x] kn nyabêtake pêdhang lsp. mênyang ing ngiringan; di-[x]-ake: dicêkêl lan disabêtake.

bablas: kn 1 ilang saka ing pandêlêngan (lunga lsp); 2 wis adoh (lakune lsp); 3 têrus bae (tanpa menggok); 4 wis akèh (pasinaone lsp); 5 wis têkan kang dijangka; 6 pc. krungu saka kadohan.

babu: 1 kw. biyung; 2 kn. wong wadon sing gawene momong lsp (tmr. bature wong ngamônca); kc. babon.

babuh: pc kc. babo.

(babuk): di-[x] êngg. ak digudag, dibijig.

babut: kn bngs. klasa kang digawe wulu wêdhus lsp. ditênun.

babo: kn. 1 sabawa mratelakake saguh, wani lsp; 2 br. saèm. dhuh.

babok: êngg. kn 1 babon (pawitan); 2 (ut. [x]-an) kang baku.

babon: kn 1 pitik wadon (wis ngêndhog); 2 kang dadi lajêr (liyane prasasat dadi pange ut. anake); 3 pawitan (kang dianakake); 4 awak-awaking barang sing mawa tutup (cangkir, bèsèk lsp); 5 kang asli (tmr. layang, kb. turunan)

--- 24 ---

(babrag) ~- bae.

(babrag): m-[x] kn lagi nêdhêng-nêdhênge mêmpêng lan brai (tmr. jaka, jago lsp).

babragan: kn paga (wadhah kwali lsp).

(babrah): m-[x] êngg. kn. ngambra-ambra, dadi akèh.

(babrak): m-[x] kn 1 mundhak amba (tmr. tatu lsp); 2 êngg. nular mrana-mrana (tmr. gêni, lêlara).

(babral): di-[x] êngg. kn dipaprali, dipaprasi (tmr. têtuwuhan).

babrik: êngg. knpabrik.

bada: I êngg. pc: bakda. II bêbada kn mancal arêp lair (tmr. bayi ing wêtêngan).

badal: I di-[x] (-i) kn ora diturut (tmr. dhawuh lsp). II (A) kn: 1 sêsulih (kang dikon munggah kaji); 2 êngg. wêwakil (ing prakaran babagan agama).

badan: I êngg. pc riyaya lêbaran (bakda pasa); kc. bada, bakdan. II (A) kn (br.k): awak; [x] alus: roh, sukma; [x] wadhag: awak kang kasatmata; bêbadan: golonganing wong sawêtara kang pinatah ngrêmbug lsp.

badi: (abadi) (A) kn.ak langgêng, kang wiwitan.

badir: pc mubadir.

Baduwi: (A) kn ar. bangsa ing tanah Arab.

badra: I (S) kw 1 ak. kabêgjan, bêcik bangêt; 2 ak.ar. sasi; 3 ak.rêmbulan; 4 kn.ar. tênunan (tmr. jarit); kèmêngan [x] irawan br: susah bangêt. II bêbadra êngg. kn: 1 wiwit bêbakal; 2 mbabad alas.

bajag: kn begal ing sêgara; m-[x]: 1 mbegal ing sêgara; 2 êngg. lunga nglurug.

bajang: kn 1 dhasar cilik, kunthèt, up. bocah [x], kêcik [x]; 2 êngg. durung rampung babar-pisan (tmr. pagawean); di-[x]-ake êngg: diingu nganti dawa (tmr. rambut, wiwit lair ora dicukur); [x]-an: 1 êngg. pêntil pêlêm; 2 êngg. turahan pagawean; 3 wiwit lair ora dicukur (tmr. bocah).

bajang-kêrèk: kn ar. walang.

(bajêng): I pam-[x] (mbajêng pc) k pambarêp. II m-[x], [x]-an êngg.kn: bêbanjêngan.

baji: I êngg.ak rak ora, gèk mangsa. II kn: bngs. paku (ing têrbang lsp); kc. bèji.

bajing: kn ar. kewan ngrikiti kang dadi ama krambil; m-[x]: 1 pc. dadi bajingan; 2 êngg. bêburuh nglakokake grobag; [x]-an: 1 wong kang gawene ngutil (nyêbrot); 2 (tela [x]-an) êngg. tela dicêmplungake badhêg, kluwa tela.

bajisan: êngg. kn jothakan, satron.

baju: êngg.kn klambi.

baju-bèbèk: kn ar. kewan êndhase kaya bèbèk.

(bajug): m-[x] êngg.kn kurang-ajar.

bajul: êngg. kn. baya; [x] buntung pc wong sing sênêng bedhangan; [x] dharat pc: bajingan.

bajo: kw bajag.

(bajong): m-[x] kn nepang banyu sing ngêndhong; di-[x]-i: ditêlêsi sarana banyu ngêndhong ditepangi; [x]-an: têtuku (nênunggang lsp) urunan.

bajra: (S) kw 1 ak. intên; 2 ak. tumbak kang landhêpe lima; 3 blêdhèg, thathit.

badha: êngg.pc padha.

badhag: êngg.kn 1 êntèk; 2 muspra, tanpa guna.

badhaya: kn 1 êngg. tlèdhèk; 2 bngs. srimpi ing kraton.

badhak: (S) kw.ak alangan, cacad.

badhama: kw 1 êngg. gêgaman; 2 bngs. wadung.

badhar: kn 1 ak. wurung, ora dadi (tmr. tapa, niyat lsp); 2 êngg. malih rupa kaya kang mau.

badhawangan: kw bulus.

badhe: k 1 arêp; 2 bakal; 3 êngg. ora suwe nuli; m-[x] 1 kn.ak.mêthèk; 2 ak. bêdhèk; 3 (ut.mbêbadhe) k.mbakali.

badhean: kn1 cangkriman; 2 êngg. babadan.

badhe-badhe: êngg.kn papan nêmokake pangantèn.

badhèg: kn 1 lêgèn arèn sing wis diadoni; 2 êngg. arak.

(badhèk): di-[x] êngg. kn dibêdhèk;kc.badhe.

badhèr: kn ar. iwak kali saèm. gramèh.

badhêg: kn mambu ora enak (kaya ambune kopok); 2 êngg.wis bosok sarta mambu; 3 êngg.pc.ora bêcik (kurang ajar, ala bangêt lsp).

(badhe): m-[x] kn durung tanak (isih rada atos tmr. sêga).

badhigal: kn ênthung urèt; m-[x] ênggkurang ajar.

badhigas:pating [x], [x]-an kn cênanangan ora ngêrti tata.

badhigul: kn.ak bodho; [x] angêne pr: kumintêr.

badhik: kn bngs. cundrik.

badhud: kn 1 wong kang dadi lêlucon; 2 êngg. bngs. cathut; m-[x](-i): nglucu; [x]-an: lêlucon.

badhur: êngg. kn [x]-[x], [x]-en: 1 kasar sarta mêrkotok (kulite); 2 pating blarut ut. sêmu biru (tmr. dhuwit slaka).

(badhog): m-[x] pc.ks mangan.

badhol: kn ar. iwak loh.

badhong: kn 1 blebekan rêrêngganing dhadha (wayang, jaran); 2 êngg. praba (rêrênggan ing wayang wangune kaya suwiwi ing buri gêgêr); 3 êngg. bngs.wuwu gêdhe; 4 êngg. kranjangan pikukuhing tanggul; 5 êngg. blebekan slaka lsp. tutup pawadonan (bocah); 6 êngg.ki.pawadonan.

bae: kn. kemawon k 1 ngêmungake, up. iki [x], kowe [x]; 2 mung (ngêmu surasa lumrah, ora nggumunake) up. mêsthi [x] bisa, wong dituturi; 3 mung (ngêmu surasa kurang samêsthine, rada ngrèmèhake), up. yèn ora olèh lima, iya loro [x]; wong kaya ngono [x] kok kumênthus; ora mbae êngg, ora (dudu) baèn-baèn kn: bangêt, ngungkuli kang lumrah; dudu sabaene: ora lumrah (bangêt); dibaèkake pc: dirèmèhake, ora dipaèlu. II êngg.kn: dak-badhe (dak-bêdhèk) mêsthi ... (tmr. botohan, lsp), up. [x] sing abang apa sing putih.

--- 25 ---

(baekot) ~ bayor.

(baekot): di-[x] êngg. pc digithing.

(baèn): kc. bae.

(baenak): di-[x]-ake êngg.pc dibaèkake; kc. bae.

baenat: (A) êngg.kn bukti, katêrangan.

baga: I (S) kw guwa-garba; 2 pawadonan. II (S) kw.ak: bagean, perangan.

bagal: êngg.kn janggêl.

bagas: kn ora lêlaranên.

bagaskara: kw srêngenge.

bagas-kuwarasan: n. bagas-kasarasan k waras ora lêlaranên.

bagaspati: kw srêngenge.

bagawan: (S) kw (bêgja bangêt) sêsêbutaning pandhita, pêndhita, wong suci; m-[x] (mêgawan) kw: urip sacaraning pêndhita.

bage: I (ut. sukur [x] sèwu) pc. nuwun bangêt dene, bêgja bangêt dene; bagea (-satêkamu) br muga nêmua rahayu slamêt; dibagèkake: diacarani ing nalikane têka. II di-[x] kn: diperang-perang, didum-dum; dibagèhi, dibagèni: diwènèhi bagean; [x]-an: 1 panduman; 2 perangan, pêprincèn.

bagèn: I (ut. [x] ora, [x] tora) êngg karêbèn. II êngg: (sawah) darbèke wong akèh.

bagendha: kn.ak sêsêbutaning ratu.

(bagêl): di-[x] êngg.kndibalang (nganggo tugêlan kayu lsp).

(bagi): di-[x] êngg.kn dibage.

bagja: (S) kw bêgja.

bagna: (S) kw rusak, sirna, lêbur, rampung.

bagus: kn 1 êngg.pc.bêcik; 2 bêcik rupane (tmr.wong lanang); 3 sêsêbutane bocah (wong) lanang sing rada dhuwur pangkate.

bago: kn. 1 lulup wit so; 2 bngs. bagor sing digawe lulup so.

(bagol): m-[x] êngg.kn ngapus-apusi (utang, nyilih lsp).

bagolan: êngg.kn ar. jamu dianggo tamba wêtêng.

bagong: êngg.kn ringgit êmas (dianggo mainan jam lsp).

bagongan: êngg.kn basa kêdhaton.

bagor: kn1 bngs. tênunan sing digawe godhong gêbang; 2 kanthong gêdhe sing digawe bagor.

bagowong: kn.akgrahana srêngenge (rêmbulan) nganti êntèk.

bagrègan: êngg.kn wis ora kukuh (rusak).

bah: I êngg karêbèn: mbah-bah, mbah-ake êngg: ngêtogake bae (ora mitulungi lsp). II kn: wc. babah. III mbah pc: êmbah.

baha: (S) kw.ak kali.

bahak: kn bngs. manuk wulung; m-[x], mbêbahak ak: ngrêbut sarta ngêpèk darbèking liyan (njarah-rayah); [x]-an: jarahan.

bahan: I (ut. abahan) êngg.kn kayu bakal balungan omah. II êngg.kn: karêbèn.

bahar: (A) kn.ak sêgara.

bahêm: êngg.kn bam.

bahni: (S) kw gêni.

baita: kprau.

baya: I kn ar. kewan rumangkang, bngs. mimir; kêtiban tai [x] pc: kêna ing pandakwa; (kinêpung wakul) binaya mangap br: dikêpung ing mungsuh. II kn: 1 apa iya ..., ayake ..., up. [x] wis karsaning Pangeran; 2 (apa, sapa, ngêndi [x]) lah gèk (apa, sapa, ngêndi); [x] kêpriye: lah gèk kêpriye. III 1 kw. wêdi, mutawatiri; 2 (ut.bêbaya) kn.pakewuh, kacilakan (kang bakal kêlakon); sa-[x] pati br: rukun nganti têkan ing mati pisan; mbêbayani; 1 mutawatiri bangêt; 2 êngg. bangêt; ke-[x]-[x] br: tansah nandhang cilaka. IV. kw: janji (wc.ubaya).

bayah: I kn mêri sing wis rada gêdhe. II êngg.kn: wêgah; m-[x]-i êngg: bangêt (tmr. lêlara).

bayaita: kw.ak prajurit.

(bayak): [x]-[x], bêbayakan kn dhêdhampyakan akèh bangêt.

Bayaka: bayaknan êngg ayake, bokmênawa bae.

bayakna: bayaknea êngg ayake bae iya.

bayan: I kw manuk bèthèt. II pc: kêbayan, gêbayan.

bayanaka: (S) kw.ak nggêgirisi, mêmêdèni.

bayang: I êngg.kn ambèn; di-[x](-[x]) ak: dirêrampa lan diusung (tmr. wong sêmaput lsp); [x]-an: 1 ak. wong sing dibayang-bayang (wong lara lsp); 2 ak. burukan, mêmangsan. II ma-[x]-an kw.ak: kêkitêr, mblayang.

bayangan: êngg.kn wêwayangan.

bayangkara: (S) kw.ak prajurit panjaga.

(bayangkare): di-[x] kn.ak ditêmokake banjur diarak (tmr. pangantèn).

(bayangkari, bayangkarya): br bayangkare.

bayar: êngg. diblanja (diwènèhi bayar); 2 (ut. di-[x]-i) diwènèhi dhuwit minangka patukon, panyauring utang lsp; (pam-) [x]-an: ênggone mbayar (mbayari).

bayas: kn ar. iwak loh.

bayatara: (S) kw.ak mbêbayani bangêt.

bayawara: kw undhang-undhang (dhawuh saka dhêdhuwuran); dibayawarakake: diundhangake, diwara-warakake.

bayèn: êngg.kn lagi mêntas duwe bayi.

bayêm: kn ar. têtuwuhan (godhonge ana sing kêna dikêla); siram-siram [x] pr: pujining wong akèh (bokmanawa ajalari kêlakon).

bayi: kn 1 bocah kang mêntas lair; 2 êngg. gêndhuk (panyêbut marang bocah wadon).

bayinat: (A) kn.ak bukti, katêrangan.

bayu: I (ut.bêbayu) kn urat dalan gêtih; tanpa bêbayu br: lêmês, tanpa kakuwatan; bêbayon br: aji pangapêsan. II (S) kw: angin.

bayu-bajra: (S) kw angin lan blêdhèg (prahara).

bayur: êngg.kn adus wuwung.

bayonèt: (W) kn sangkuh.

(bayong): m-[x] êngg.kn 1 padha têka ngumpul (arêp nggarap bêbarêngan); 2 padha ngumpul arêp ngêlahake lurahe (tmr. wong-wong ing padesan).

bayor: kn ar. iwak.

--- 26 ---

bak ~ bale-kambang.

bak: I (ut. [x]-e) êngg.pc: coba! mara! II [x]-e (tibake) êngg. pc: jêbul(e) III (W) kn 1 wadhah (banyu lsp); 2 êngg. kothakan palêmahan kang ditanduri têbu (diêlêt-êlêti kalènan); 3 palungguhan ing kreta. IV (c) kn: mangsi Cina. V êngg.pc: kêrtu têlu padha kabèh (tmr. main gonggong).

baka: I (ut.mbaka) êngg.kn sangka, saka, up.dijupuki [x] lima.II (A) kn.ak: ora ewah gingsir, langgêng. III (S) kw.ak: manuk cangak.

bakah: êngg.kn njênggar amba (tmr. pang lsp).

bak-ayu: êngg.kn bok-ayu.

bakal: n. badhe k. 1 apa-apa sing arêp dianggo dandanan; 2 calon, gadhangan dadi; 3 (ut. [x]-an) êngg. pacangan; 4 (ut.bêbakal, [x]-an) isih anyaran, durung dadi, durung dilêlantih; 5 êngg. rajangan godhong awar-awar dianggo nyêrèt; 6 êngg.arêp, nêdya, ing têmbe arêp kêlakon ... (bar, dirakêti têmbung tanggap); bêbakal, m-[x]-i: miwiti gawe (dandanan, desa lsp), miwiti nglêlantih (pêrkutut, jaran lsp).

(bakar): di-[x] kn 1 dipanggang ut. dicêmplungake ing gêni; 2 êngg. dibênêm (ing gêni blubukan); 3 êngg. diobong; [x]-an: 1 apa-apa sing dibakar; 2 (ut. ke-[x]-an) êngg. kobongan.

bakaran: kn ar. mainan (nganggo kêrtu).

bakat: kw.ak kuwat; kc.bangkat.

bakbakan: kn klabakan.

bakda: (A) kn 1 sawise (wêktu, tumindak); 2 êngg. rampung, bubar (tmr. pagawean); 3 (ut. bakdan) riyaya lêbaran (sawise pasa, 1 Sawal), klêbu uga riyaya 8 Sawal, 10 Bêsar, 12 Mulud; 4 êngg. sasi Sawal; sabakdane êngg: sawise.

bakên: êngg.k 1 baku; 2 palungguh; kc. bakon.

baki: kn tembor

bakyak kn: gapyak, thèklèk.

bakyu: kn sêdulur wadon kang kapêrnah tuwa.

bakmi: (C) kn olah-olahan Cina kang nganggo mi.

bakmu: (C) kn ar. olah-olahan Cina saèm, saoto.

baku: kn. 1 kang pancèn têtêp duwe hak; 2 pokok (ing pagawean, pakaryan lsp); 3 (ut. bêbaku) lajêr ut. kang dadi dhêdhasar (tmr. wawasan, rêrêmbugan lsp); 4 kang wênang ndarbèni (nganggo nindakake lsp); bakune: 1 êngg. dhasare pancèn mula ...; 2 kang dadi jêjêre yaiku ...; dibakoni: dipokoki; kc. bakon.

bakuh: kn 1 pêngkuh (ora gampang bujad); 2 êngg. kukuh atine.

baku-karang: êngg.kn (wong desa) kang mung duwe pakarangan lan omah (ora duwe sawah).

bakul: kn 1 wong wadon sing dodolan (cilik-cilikan); 2 êngg. wong sing kulak pamêtuning padesan lsp. arêp diêdol manèh; 3 êngg. wakul; [x]-an, bêbakulan: dodolan barang-barang (cilik-cilikan).

bakula: kn ar. kêmbang.

bakung: kn ar. kêmbang.

baku-omah: (-omah) kn wong sing duwe omah.

baku-pajêg: kn dhuwit pajêg lêmah.

baku-sawah: kn 1 jêmbaring sawah sing dikênakake pajêg; 2 (ut.baku) êngg. wong sing duwe wênang ndarbèni sawah.

bako: pc têmbako.

bakoh: êngg.kc bakuh.

bakon: kn 1 êngg. wêwênang mèlu ndarbèni sawahing desa; 2 (ut. baku) êngg. sawah palungguh (ing lurah desa lsp).

baksa, baksana: (S) kw.ak pangan.

bakta: I (S) kw.ak pangan. II m-[x] kw.ak: nggawa; kc. bêkta.

bakti: (S) kw pakurmatan, sêtya-tuhu; kc. bêkti.

bal: (W) kn 1 bundêran karèt ut. wlulang (dianggo dolanan); 2 buntêlan gêdhe (kapuk lsp. sing arêp dikirimake); 3 petunganing lawon, dluwang lsp; [x]-[x]-an: 1 dolanan bal; 2 êngg.pc. akèh bangêt.

bala: I (S) kw ak.karosan, kakuwatan; 2 kn. prajurit kang mèlu pêrang. II kn: ar. wuku kang kaping sêlawe.

balabag: br blabag.

balabak: br blabak.

balabar: br. blabar.

balad: êngg.ak gugur-gunung.

baladika: (S) kw.ak pangarêping prajurit.

balak: I êngg.kn. gogrog ora bisa matêng (tmr. wowohan). II di-[x] kn.ak ora ditampa, ditampik, dibalèkake.

balaka: kn blaka.

balanja: kn blanja.

balang: kn apa-apa sing dianggo nyawat; nututi [x] wis tiba pr: nututi basa sing wis kêwêtu; nyawat a-[x] wohe pr: duwe pangarah nganggo njaluk tulung marang sanak sadulure sing dipangarah; bêbalang br: kongkongan; di-[x]: disawat, diuncali.

(balap): m-[x] êngg.kn mlayu rikat bangêt; [x]-an: 1 rikat-rikatan mlayu (rêbut dhisik sarana mlayu lsp); 2 papan kang dianggo dhisik-dhisikan mlayu; 3 êngg. rêbut mênang.

bala-pêcah: kn barang-barang sing gampang pêcahe (piring, cangkir lsp).

balas: (W) êngg baluh (ing prau lsp).

bala-srèwu: kn.ak ar.aji bisa nganakake setan akèh.

balawan: (S) kw.ak sêntosa bangêt; kc. blawan.

bale: 1 kw:omah; 2 êngg.ak pêndhapa; 3 êngg. ambèn; kere munggah ing [x] pr: wong asor didadèkake luhur; cèkèl (cèkèr) longaning [x] br: wong kang asor.

bale-desa: kn omah darbèking desa dianggo pakumpulan.

balèg: kn 1 diwasa; 2 wis wayahe omah-omah; m-[x] êngg: wis kulina, wis ngêrti têmênan, kc. akil balèg.

bale-kambang: kn omah-omahan ing têngahing blumbang (tlagan).

--- 27 ---

balela ~ bandakala.

balela, balila: m-[x] kn mbangkang marang prentah, ngraman.

bale-mangu: kn pangadilan ing kapatihan.

balèn: n. wangsulan k 1 apa-apa sing dibalèkake; 2 (ut. balènan) êngg. wangsulan, jawaban; 3 apa-apa kang bali; 4 bali bêbojoan manèh (tmr. wong sing wis pêgatan); kc. bali.

bale-omah: n. bale-griya k omah sarta pakarangan.

bale-pomahan: n. bale-pemahan k kc. bale-omah.

balêman: êngg. kn gêni mawa.

balês: I êngg. kn 1 baluh (ing prau lsp); 2 bandhul (ing jaring, jala lsp). II êngg.kn: mêsin (wêsi) dianggo nggilês dalan. III di -[x]-i êngg.kn: diwangsuli (tmr.layang); [x]-an êngg: wangsulan (layang).

bali: n. wangsul k 1 mênyang ing wiwitane; 2 diambali manèh saka wiwitan; 3 têka ing omahe; 4 êngg. mulih; di-balèni: 1 diwiwiti manèh saka kawitan; 2 diulihi manèh (tmr. bojo sing wis dipêgat); 3 dijupuk (ditiliki lsp) manèh; 4 ditindakake (digarap) manèh tmr. pagawean; dibalèkake: dikon bali, diulihake, diwènèhake manèh: kc. balèn.

balig: êngg.kn kc. balèg.

balik: kn 1 êngg. walik; 2 ([x]-an) nanging barêng, nanging yèn, nanging rèhne; 3 êngg.bali; 4 êngg.mulih; 5 br.walik(-an), kuwalik; m-[x]: 1 bali ngênêr marang asale (tmr. lakuning angin lsp, uga ent); 2 gênti mèlu marang mungsuhe; 3 pc. malik.

balila: kn kc. balela

balingu, balinguh: kw.ak berag, bungah, mêmpêng.

balya: br. bali.

baluh: kn 1 bandhul (dianggo nyilêmake jaring lsp); 2 ar. piranti misaya iwak; bêbaluh br: rewang (kêrêngan, padu lsp); di-[x]-i: dibandhuli; 2 (ut. dibêbaluhi) êngg.ak. dibiyantu (ênggone arêp laku ala, pêpadon lsp).

baluk: I êngg.kn. bakul. II m-[x]-(-i) êngg.kn: mbalik.

balunan: êngg.kn. mencla-mencle.

balung: kn. tosan ki. raganganing kewan (manungsa); [x] pêking br: wong kang sèkèng; (gêtih cinelung) balung cinandhi br: (yèn ana) pêpati; [x] tinumpuk pr: ngrabèkake anak loro bêbarêngan; madu [x] tanpa isi (kêpesing)pr: pêpadon prakara barang sapele; ngumpulake [x] apisah pr: njodhokake bocah sing isih kaprênah sanak (supaya rakêt manèh ênggone sêduluran); m-[x] usus pc: kêkarêpane kêndho kêncêng; [x]-an, bêbalungan: 1 (kayu-kayu) raganganing omah; 2 lajêring crita.

balur: I kn. dhèndhèng iwak loh (diasin). II [x]-[x] êngg.kn: bilur.

baluwarti: kn. pagêr bata, bètèng (tmr. kang ngubêngi kraton).

balo: êngg.kn. 1 kurang tanak (tmr.olah-olahan), mêntah; 2 bodho, mogol (tmr. sêsurupan).

baloh: êngg.kn. ar. piranti misaya iwak; kc.baluh.

balok: kn. 1 kayu sing wis diprèjèngi wangun pêsagi; 2 êngg. benggol (2 ½ sèn).

balon: (W) kn. 1 dluwang (motha lsp) diwangun kanthongan bundêr (lonjong) diumbulake srana diisèni gas lsp; 2 êngg. plênthong diyan listrik.

balonan: êngg.kn. mencla-mencle.

balong: kn. 1 (ut. mbalong) lêdhok lan banyune ngêndhong (tmr. palêmahan); 2 êngg. blumbangan (tmr. dianggo ngingu iwak).

balowarti: kn. baluwarti.

bam, êbam: kn. untu pamamah; [x] wêkas(-an): bam kang buri dhewe.

bamba: êngg.kn. mawa (arêng).

bamban: I kn.ak. wiwit manèh (tmr.dolanan lsp). II kn: ar. têtuwuhan bngs. glagah (sok digawe klasa).

bambang: I kw. satriya (nonoman) II kn: ar.ama pari.

bambêt: êngg.k. pring.

bambing: kn. pinggiring jurang, kali lsp; m-[x]: 1 dumunung ing bambing; 2 ndhoyong mayat (tmr. prau, dalan ing pinggir jurang lsp); [x]-an êngg: pinggiring kali lsp: kang mayat.

bambu: êngg.k. pring; pukrul [x] pc: pukrul dudu wêton sêkolahan luhur; kc. bambon.

bambung: êngg.kn. 1 (ut.mbambung) ora nganggo pikiran (gêndhêng); 2 kuwawung.

bambon: kn. papan dianggo adol candu (ut. papan panyêrètan).

ban: I (mban) pc. êmban. II (W) kn: 1 karèt blêbêd rodha pit (montor lsp); 2 êngg. sabuk wlulang (nganggo cathokan); 3 dluwang blêbêd (ing buku sing arêp dikirimake lsp). III (W) kn: dalan sêpur.

bana: I êngg.kn. ora ana, ora bakal ana, II êngg.kn: palêmahan wrata. III (S) kw.ak: panah. IV mbêbana kw: njêjaluk marang.

banantên: kn.ak. ar. bakal bngs.sutra.

banar: kn. 1 longgar lan padhang (tmr. panggonan, papan); 2 êngg. ora sumpêg (tmr. ati); [x]-an: papan sing longgar padhang.

banarawa: êngg.kn. (sawah [x]) sawah sing dumunung ing papan lêdhok yèn mangsa rêndhêng kêlêban banyu.

banat: êngg.kn. 1 bngs. jaring; 2 (ut. [x]-an) bandhil.

banawa: kw. prau.

banawi: kw. bêngawan; kc.bênawi.

banda: I kn. tali (tampar lsp) dianggo nalèni tangan; lawanan (lan) [x] pr: mêmungsuhan karo wong apês; di-[x]: ditalèni tangane karo pisan (tmr.dumunung buri gêgêr); bêbandan br: wong sing dibanda. II kw.ak: awak.

bandayuda: kw. pêrang rukêt padha ijèn (tanpa gêgaman).

bandakala: (ut. bandakalani) 1 kw. wani nglawan, ora gampang dikalahake; 2 êngg. mbêbayani.

--- 28 ---

bandana ~ bandhol.

bandana: (S) kw.ak. 1 tali, tampar, srimpêt; 2 pakewuh; kc. bêndana.

bandar: (Prs) kn.ak. kutha palabuhan; 2 wong sing dadi pancêr (sing dimungsuh botoh liyane, tmr. main kêrtu, dhadhu lsp); m-[x]: dadi bandar (ing mainan); (ka-) [x]-an, pam-[x]-an ak: pabeyan (kantor dianggo mupu beya ing palabuhan).

bandara: kn. kc. bêndara.

bandawala: (-pati) kw. prang tandhing nganti mati salah siji.

bandawasa: kw.ak. karosan, kakuwatan.

bandera: (Prt) kn.ak. gêndera.

bandêl: kn. 1 ora cingèng, ora gêmbèng; 2 êngg. manuk dianggo jontrot.

bandêng: kn. ar. iwak loh.

(bandhul): di-[x] êngg.kn. diiyun; kc. bandhul.

bandrèk: kn. 1 (ut.laku [x]) dhêmênan karo bojoning liyan; 2 sorog (kunci) palsu; di-[x]: dibukak nganggo kunci palsu, diwêngakake kanthi dibujad.

(bandrêng): [x]-an, m-[x] êngg.kn. têrus bae tanpa lèrèn.

banding: êngg.kn. bandhil.

banjang: êngg.kn. pathokan ing sêgara dianggo piranti misaya iwak.

banjar: kn. 1 ak. lêlarikan dawa; 2 (ut. [x]-an) kw. taman, pakêbonan; [x] dawa ak: desa kang têpung karo desa liyane; [x] pakarangan ak: pomahan; di-[x]-i (-ake): dibêntèli lan dipantha-pantha ana ing leleran (tmr. winih pari sing arêp diceblokake).

banjêl: kn. sêsulih ing sawêtara mangsa (tmr. nindakake pagawean lsp), pangan kang dianggo gêgênti (marga kang baku ora ana); di-[x](-i): disulihi (sawêtara mangsa).

(banjêng): m-[x], bêbanjêngan kn. katon lêlarikan sarta gêgandhengan dawa.

banjêt: êngg.kn 1 (pam-)bujuk; 2 jomblang; 3 tukang ajak-ajak milih (tmr. pilihan lurah desa); 4 wis omah bangêt (bisa nggèndèng liyane) tmr.dara; m-[x] êngg: tansah lunga mrana-mrana (nggêgolèki).

banjir: n bêna k, gêdhe iline (tmr.kali); di-[x] êngg.pc: dibladhêg bae; kê-[x]-an: kêtrajang ing banjir, kêlêban.

banjir-bandhang: kn banjir gêdhe (nganti gawe karusakan).

banjur: n lajêng k 1 (ut. m-[x], [x]-an n. nglajêng, lajêngan k) êngg. têrusan bae tanpa lèrèn; 2 (ut. m-[x] n. nglajêng k) mlaku têrus; 3 têrus mlêbu (tmr. dhayoh); 4 nuli, tumuli; sa-[x]-e: têruse nuli, satêruse; di-[x]-ake: ditêrusake, ditutugake (tmr. crita lsp); kê-[x]: kêbacut, kêtêrusên; kê-[x]-[x]: têrus bae ênggone nglakoni ala.

banjut: I (ut. mbanjut) êngg banjur, mbanjur. II di-[x] kn.ak: dijupuk digawa lunga, dijupuk nyawane (dipatèni). III êngg.kn: bêngkung.

bandha: kn 1 kasugihan (barang, rajabrana lsp); 2 pawitan (ing padagangan); 3 êngg. barang-barang sing arêp dianggo gawe omah; dibandhani: diwragadi, diwènèhi pawitan;kc. bandhan.

bandha-bandhu: kw. sugih bandha lan sugih sanak-sadulur.

bandha-bau: kn. 1 mung pawitan bau (gêlêm tumandang); 2 iya diwragadi iya ditandangi.

bandha-beya: br. wragad.

bandhan: êngg.kn. 1 padha urunan (dianggo dêdagangan lsp); 2 urunan (dhuwit sing dianggo urun).

bandhang: I êngg.kn. kranjang wadhah bibit têbu. II banjir [x] kn: banjir gêdhe; iso [x] kn: iwak iso sing pating kruwêl; tali (tangsul k) [x] ak: tampar dianggo sabukan prajurit jaranan (kanggo mbanda mungsuh); m-[x]: 1 mlayu bantêr (tmr. mungsuh); 2 pc. rikat bangêt (ênggone maca lsp); 3 ngatutake, nggawa tawanan; [x]-an: tawanan, apa-apa sing dijarah-rayah; kc.blandhang.

bandhat: kn. tali (tampar gêdhe) dianggo mikul barang sing abot (sing mikul wong loro) di-[x]: dipikul nganggo bandhat.

bandhawa: (S) kw.ak. sanak sêdulur.

bandhêk: êngg.kn. ngucapake têmbung Jawa kang aswara a diucapake miring.

bandhêm: kn. balang kang gêdhe lan antêp; di-[x]: 1 dibalang nganggo watu lsp. sing antêp; 2 êngg. dibanting; di-[x]-i: dibalangi ing watu antêb.

bandhêm-po: ([x]-pung, [x]-lêmpung) kn. 1 lêmah (lêmpung) digilig-gilig bundêr (dianggo dolanan); 2 êngg. bngs. kinjêng gêdhe.

bandhil: kn. 1 ak.tampar mawa salangan dianggo nyawatake watu; 2 êngg. krikil (watu) ditalèni bolah dianggo ngarah layangan sing sumangsang, bolah lsp; 3 (ut. ri bandhil) êngg.ak.canggah (gêgamane wong jaga); di-[x]: disawat nganggo bandhil; di-[x]-ake: 1 dibalangake nganggo bandhil; 2 êngg. (dhuwit) dianggo tuku barang banjur diêdol manèh (supaya mundhak); [x]-an: 1 dolanan bandhil; 2 ar. wanguning ali-ali amata siji.

(bandhing):di-[x] êngg.pc. ditandhing;kc.pandhing.

bandhit: (W) pc. maling (julig).

bandhu: (S) kw. sanak-sêdulur.

bandhul: kn. 1 apa-apa sing abot digandhulake (murih timbang, jêjêg lsp kyt. ing jam, traju, ing gawangan lsp); 2 êngg. tampang ing jala; 3 êngg. sabuntêlan (tmr. gula arèn, 4 ut. 5 tangkêp); di-[x]-i: ditrapi bandhul.

bandhulan: (bandhulan êngg) kn. 1 tampar lsp. digantungake ing pang (jagrag) nganggo palinggihan dianggo yun-yunan; 2 ak. paturon bayi sing digantung (ing blandar lsp); 3 yun-yunan.

bandhung: êngg.ak. barêng, bêbarêngan, barung (tmr.swaraning gamêlan); lumbung [x], sumur [x] ak: (lumbung, sumur) gêdhe; di-[x] ak: dirangkêp, dibarêng.

(bandhut): di-[x] êngg.kn. dipikul; kc. bandhat.

bandhol: kn. 1 ndhugal, ugal-ugalan; 2 êngg. sêmbrana (dhêmên nglucu); 3 ringas (tmr. jaran); 4 êngg. bêbenggoling durjana; m-[x] êngg.pc: nglucu.

--- 29 ---

bandhosa ~ (banyuwara).

bandhosa: êngg. kn. ambèn-ambènan nganggo tutup dianggo ngusung mayit (menyang kuburan).

bandhot: êngg. kn. wêdhus lanang.

bandhotan: kn. ar. ula.

bane: kn.ak. swara; ora ana banène (banèke) êngg ana swarane wong.

banèh: kn. ak. seje; kc. bènèh.

banèn: aja [x]-[x] êngg. pc. aja nywara, aja kandha-kandha; kc. bane.

bani: (A) kn. ak. anak, turun.

banija: (S) kw. ak. sudagar.

baning: kw. ak. bulus.

banu: (S) kw. ak. sorot, srêngenge.

banon: k. bata.

bantah: kn. pêpadon prakara ngèlmu (kasampurnan); di-[x](-i): dipadoni; (bê-)[x]-an: pêpadon, rêbut bênêr.

bantal: kn. ganjêl êndhas (ing nalikane turu); (ut. [x] susun, [x]-an) êngg. bêndungan ing pungkasaning lobangan (têbu); [x]-an: 1 nganggo bantal; ganjêl lèmèk (saèm. bantal cilik); 3 balok ganjêl ril.

bantala: kw. lêmah; kc. buntala, butala.

bantaran: kn. 1 papan sing cêthèk sarta ilining banyu bantêr (ing kali); 2 êngg. pawêdhèn ing pinggiring kali.

bantas: kn. 1 sêru nganti krungu saka kadohan (tmr. unining bêdhil, mêrcon lsp); 2 êngg. bêcik bangêt, awèt sarta kêdhut (tmr. tênunan).

bantat: kn. atos sarta kaku (tmr.roti, kulit abuh lsp).

(bantên): bêbantên kn.ak. kang dadi têtawur (patèn) murih bisa kalêksanan kang disêdya.

bantêr: kn. 1 rikat, santêr; 2 kanthi mêmpêng (ênggone nyambut gawe); 3 sarwa akèh (ênggone nyêrèt, ambuwang dhuwit lsp); 4 kêndêl, ora wêdèn (tmr. wêwatêkan); 5 mêmpêng bangêt (ênggone nglakoni, tapa lsp); 6 sêru, bantas.

(banting): di-[x] kn. 1 ditibakake kanthi karosan, diwanting (tmr. wasuhan); 2 êngg. pc. diêdol sapayu-payune; [x]-an: gêlut gênti mbanting.

bantu: kn. 1 pitulungan; 2 prajurit ut. wong-wong kang mitulungi; di-[x] êngg: dipitulungi; dibantoni: dipitulungi (tmr.nalikane pêrang).

bancak: êngg.kn. bngs.cêthing dianggo wadhah tumpêng; di-[x]-i: dislamêti (tmr. bocah cilik); [x]-an: slamêtan tumrap bocah cilik (mbênêri wêtone lsp).

bancana: (S) kw.ak. 1 pangapus, kagol; 2 alangan, bêbaya, pakewuh; di-[x]kw.ak: dirêridhu, diapusi.

bancang: kn. ([x] loro, [x] têlu lsp) loro ut. têlung prakara arêp ditindakake (diarah) barêng; 2 (kala [x]) êngg. kala sing sindhêtane rangkêp; 3 êngg. tali dianggo mêpêti dalan; di-[x]: 1 êngg. ditalèni (dicêncang) dientukake barang loro ut. luwih; 2 (ut.di-[x]-i êngg) dicêncang (tmr. kewan). dialang-alangi supaya aja lunga; 3 êngg. dioyak.

bancar: kn. akèh lan bantêr wêtune (banyu susu lsp).

bancèr: êngg.kn. blancèr.

bancèt: kn. ar. kewan bngs, kodhok.

banci: I kn.ak. ora lanang ora wadon (wandu) II kn: ar. têtuwuhan godhonge kêna dikêla lan digawe tamba.

bancik: kn. dhingklik lsp. dianggo ancik-ancik (sanggan lsp); m-[x] êngg.kn: wis manjing ing badan (dhêmit marang prewangan).

bancot: ks. cangkêm.

banthak: êngg.pc. 1 ndhaplang sarta gêdhe (tmr.sungu); 2 sarwa gêdhe lan sêntosa (tmr. pawakan).

banthan: êngg.kn. pathon.

banthèng: kn. sapi alasan; bêbanthèng br: agul-agul, senapati.

(banthêng): m-[x] êngg.pc. gagah lan bagus.

banyak: kn. bngs. bèbèk gêdhe; m-[x]-i pc: klabakan, kèsusahan bangêt nganti bingung; (bê-) [x]-an br: gêgulungan (tmr. ombak).

banyak-angrêm: kn. 1 ar. lintang; 2 tumpêng ing jêro isi êndhog.

banyak-dhalang: kn. ar. upacara wadhah dipêtha banyak (êmas, slaka).

banyar: kn. ar. iwak loh.

banyu: n.toya k. barang cuwèr sing mêtu saka ing tuk lsp; nggarap [x]: kèl, pambêngan; tunggal [x]: tunggal ngèlmu (tunggal guru ngèlmu); [x] pinêrang pr: ngibaratake pasulayane sêdulur mêsthi enggal pulih; dom sumurup ing [x] pr: nyamar, arêp nyumurupi kanthi dhêdhêmitan; lêbak ilining [x] pr: karerehan kêrêp dianggo tiban (luputing lurah lsp. ditibakake sorsorane); ngangsu [x] ing kranjang pr: mêguru (njaluk wulang) nanging ora dipigunakake; ngubak-ubak [x] bêning pr: gawe rêrusuh; golèk [x] bêning pr: mêguru, mêdhukun; ora ana [x] mili mêndhuwur (munggah) pr: anak mêsthi niru wong tuwane; sing kêna iwake aja nganti buthêk banyune pr: sing disêdya bisaa kêlakon, nanging ora nganti gawe gêndra; caruk [x] pr: racakan (gêdhe cilik ala bêcik dirampêt padha bae); cur-curan [x] kêndhi pr: wani sumpah; bêbanyu pc: ngising; di-[x]: disiram (dilap lsp) ing banyu tmr. jago; m-[x] mili br: lumintu, têrusan bae; dibanyoni: ditêlêsi, diilèni banyu; lara banyunên: lara ngising; kc.banyon.

banyu gege: n. toya gege k. banyu dicampuri kêmbang sarta dmantrani dianggo ngêdusi bayi.

banyu-landa: n. toya landi k. ar. ombèn-ombèn saèm. limun nanging ora lêgi.

banyu-mas: kn. bênang mas (dianggo mbludir lsp).

banyu rasa: n. toya rasa k. ar. jasad asal wujude kaya jèr-jèran timbêl.

banyu tangi: kn.ak. banyu dicampuri wedang dianggo ngêdusi bocah.

banyu tawa: n. toya tawa k. banyu wantah (dudu banyu asin).

banyu tuli: kn. banyu sing dianggo sarat nênambani.

(banyuwara): m-[x] kn.ak. tapa nyirik banyu.

--- 30 ---

banyu windu ~ bangsa.

banyu windu: kn. banyu sing diwayokake.

(banyol): m-[x] kn. gawe lêlucon; [x]-an: lêlucon, badhutan.

banyon: kn. 1 landhaning tai-wêsi dianggo sisig; 2 wilangan ênggone mbanyu jago (kang diêdu).

bang: I mbang-wetan, mbang-kulon êngg.ak. ing (tanah Jawa) sisih wetan (kulon) II kn: wc.abang, up. wêsi bang: kc.bangbang. III di-[x] kn: disaguhi bakal diwènèhi dhuwit lsp. yèn bisa marèkake, nyêkêl durjana lsp. IV (ut. kanyor bang) (W) kn: kantor dianggo nglakokake dhuwit (nyèlèngi, ngutangi lsp).

bangah: kn. kêmbang suwêg (walur).

bangal: êngg.kn.ak. pugal.

bangas: (A) kn.ak. tangining badan (besuk kiyamat).

bangawan: kn. kali gêdhe,kc. bêngawan.

bangba: êngg.kn. mawa (arêng)

bangbang: I kn. ar. ama pari;kc.bambang. II [x] wetan kn: wayah esuk nalikane ngarêpake srêngenge mlêthèk (langite katon sêmburat abang); nyêkêl [x] alum-aluming praja br: nguwasani praja (nanggung ala bêcike); [x]-an: jarit kang mawa warna abang (dudu sogan).

bangbêt, bangbu: êngg.k. pring.

bangèn: êngg.kn. tansah bêgja ut. olèhan (ênggone mancing lsp).

bangêr: kn. mambu ora enak (kayadene pacêrèn lsp).

bangêt: n. sangêt k. 1 saya rêkasa (tmr.lara); 2 êngg.sêru (tmr. swara); 3 êngg. kalawan têmên-têmên, kalawan mêmpêng; 4 (mbangêti êngg) kêluwih-luwih, up. bêcik-[x]-ake: 1 digawe supaya luwih bangêt; 2 diantêpake, diwuwuh-wuwuhi (tmr.pakabaran lsp); kê-[x]-ên: kêladuk bangêt.

bangga: kn. 1 ora nutut (nêdya nglawan lsp); 2 êngg.angèl (ditandangi, digarap, diwaca lsp).

banggal: kn. 1 bangka, atos bangêt (tmr. gorèngan, kulit abuh lsp); 2 êngg. tunggak wit têmbako (sawise dipêthiki); 3 êngg. balang; di-[x]-(-i) êngg: dibalangi nganggo watu lsp.

(banggèl): m-[x] kn. 1 nggabigake êndhase arêp nyakot (kaya upamane asu dicêkêli buntute); 2 gênti mbantah (mangsuli, madoni); di-[x]-ake ak: dibangkèlake;kc.bangkèl.

banggi: I êngg.k. baya II,IV. II êngg.k.ak: beya.III êngg.k: bangga.IV pintên [x] k: pirang bara.

bangi: êngg.kn. pakan (ing pancing).

(bangir): m-[x] kn. lancip nglingir (tmr. irung).

bangka: kn. 1 kaku lan atos; 2 ks.mati; 3 (ut.bangkan) êngg.atos (tmr. lêmah).

bangkak: kn. 1 bangka, atos bantat; 2 êngg.ar.amaning têtuwuhan.

bangkan: êngg.kn. atos (tmr. lêmah);kc.bangka.

bangkang: I kn. bngs.keyong kulite atos; m-[x]: ora manut (marang dhawuh) mbalela. II di-[x] êngg.kn: disêmbuh (dibathik lan disoga manèh, tmr. jarit sing wis lawas).

bangkar: êngg.kn. 1 rajakaya sing mati ora dibêlèh; 2 pagaweyan sing dilêntharake.

bangkat: êngg.kn.ak. kuwat; kê-[x] ak: kêduga nandangi.

bangke: kn. bathang (jisim sing ora karumat).

(bangkèk): m-[x] êngg. kn. cilik ing têngah.

bangkèkan: kn. (madya, pamêkak ki.ak). têngah-têngahing gêmbung (saburining wêtêng).

bangkèl: I êngg.kn. wong kang sênêng pêpadon. II m-[x] kn: 1 êngg. ngêpaki wade (kang arêp dikirimake); 2 ngêdolake dagangan (lmr.wade); di-[x]-ake: dikayuhake (tmr. dagangan wade); -[x]an: 1 bêbakulan sarana mbangkèl; 2 barang sing dibangkèl; 3 bakul kang ngayuh wadening liyan.

bangkit: êngg.kn.ak. bisa.

bangkyak: êngg.kn. thèklèk, gapyak; kc.bakyak.

bangku: I êngg.kn. 1 wênang mèlu ndarbèni sawahing padesan; 2 sawah palungguh;kc.baku,bakon,bangkon.II kn: 1 êngg.bngs.dhingklik palinggihan; 2 meja (lmr. sing sikilane cêndhèk).

bangkokan: êngg.kn. 1 sing wis gêdhe lan tuwa (tmr.kêthèk, kodhok lsp); 2 ks.wis tuwa.

bangkol: (-an) kn. sindik (canthèlan) dianggo cangkolan (ing pikulan, lapak lsp).

bangkon: êngg.kn. wêwênang ndarbèni sawahing padesan; kc.baku, bakon, bangku.

bangkongan: êngg.kn. kodhok gêdhe.

bangkrah: kn. 1 bubrah, rusakan (dandanan kayu); 2 ks. lara bubrah (korèng, gudhig lsp).

(bangkrung): -m-[x] kn. gêgêre mlêngkung.

bangun: I 1 kw. tangi, gumregah; 2 (ut.gagat-bangun kn. bangun esuk ([x]enjing k)) kn. wayah esuk kira-kira jam 4-5. II m-[x] kn: 1 êngg.yasa, ngêdêgake omah lsp; 2 (ut.m-[x] anyar n. m-[x] enggal k) nganyarake manèh, ndandani; 3 ak. ngèmpêr-èmpêr, mangun; m-[x] ningkah; nganyarake paningkah (dianggo sarat supaya bisa duwe anak lsp); m-[x] tandha pr: ngiwahi prajanjian, malsu tèkên: m-[x] tapa br: nglakoni tapa; m-[x] turut: nurutan); m-[x] wêcana pr: nusuli gugat.

bangun-tulak: kn. kc. bango-tulak.

(bangus): dibêbangus kn. diajani ala, diojok-ojoki.

bangsa: kn. 1 jinising manungsa; 2 gêgolonganing manungsa kang tunggal jinis; 3 kang kalêbu gêgolongane (dening sipat wêwatêkane mèh padha), up. [x]-ning wit krambil; kabangsan: kang gêgayutan karo kaanan, watak lsp.tmr. marang bangsa.

--- 31 ---

bangsal ~ barêng

bangsal: kn. omah gêdhe (lmr.ing kraton).

bangsapatra: (S) kw. (godhong pring) ar. têmbang gêdhe.

bangsat: kn. wong ala (bajingan lsp).

bangsawan: (S) kw. darah luhur.

bangsi: (S) kw. suling.

bangsul: 1. êngg. k. bali; 2. êngg. k. bale (ambèn).

bau: KN. 1. lêngên; 2 (ut. bêbau) wong kang nandangi (nggarap); 3. êngg. wong kang mitulungi, pitulungan; 4. (utusan. bau desa) êngg. kuli ing desa; 5. êngg. lêlurahing dhukuh (kêbawah lurah desa); 6. ukuran jêmbar (± 7096.5 m2); dibaoni: ditandangi, dipitulungi nyambutgawe; kc. baon.

bau-danyang: kn. ar. balungan omah (kayu sanggan blandar lsp).

bau-dhêndha: (S) kw. (alêngên gada) kuwasa bangêt.

bau-kapine: (-kapini) kn. ewang-ewangên (ora adil).

baul: pc. wurung, ora dadi, bali (tmr. main, njêjaluk lsp).

bau-laweyan: kn. ciri lêkik ing singkap (poking bau).

baung: kn. 1. bruwang; 2. ar. iwak loh; m-[x]: jugug sêru.

baurêksa: kn. dhêmit sing jaga (manggon ing sawijining panggonan); m-[x]: manggon lan jaga (tmr. dhêmit).

bausastra: kn. layang ngêmot têgêsing têmbung-têmbung.

bau-suku: kn. 1. bêbau saka ing padesan kang nggarap sawah palungguh lsp; 2. (pagawean [x]) pagawean gugur gunung.

baut: I kn. wasis bangêt (gêgawean, ngarang lsp); ke-[x] êngg. pc: katut diêntèkake (tmr. dhuwit lsp). II (W) kn. piranti dianggo mutêr sêkrup lsp.

bauwedha: (S) kw.ak. sakèhing kawruh.

baon: (ut. bêbaon) kn. pirang-pirang bau, pangetunge nganggo bau.

bapa: kn. 1. wong atuwa (kang lanang); 2. ak. kanggo panyêluk marang wong kang kapêrnah tuwa; m-[x]: nyêbut (nganggêp) bapa; kêbapan ak: ngèmpêri wataking bapa; kc. bapak.

bapa-babu: kn. ak. 1. bapa-biyung; 2. kang mêngkoni.

bapa-biyung: kn. wong atuwa sakarone.

bapa paman: kn. sêdulure bapa (biyung) kang ênom.

bapak: kn. rama ki. bapa.

bapang: kn. 1. blabag njêpapang dipaku ing cagak (dianggo têtêngêr nuduhake dalan, katêrangan jênênging desa lsp); 2. ar. jogèt; m-[x]: njêpapang (tangane); suwêng [x] (-an): suwêng kang wangun njêbèbèh; layangan [x]-an: layangan kaya nganggo suwiwi.

bapêm: êngg. kn. bundêran kuningan lsp. nganggo ciri gambar krun (dianggo ing dhadha dening prabot desa lsp).

bapuh: I (ut. bapoh) êngg. kn. bakuh, pêngkuh. II (S) kw. ak: awak

bapra: (S) kw. ak. pagêr bata, regol.

baptis: kn. disiram (disilêmake) ing banyu minangka tanda pamartobat (tmr. agama Kristên).

bar: pc. bubar, lebar.

bara: I kn. bngs, sabuk nganggo gombyok; 2. ar. piranti misaya iwak; pêcruk tunggu [x] pr: dipasrahi kang dadi karêmane. II mbêbara kn: lunga mênyang ing liyan nêgara pêrlu golèk pangupa-jiwa. III kn: ak. satus yuta. IV (S) kw. ak: 1. abot, bobot; 2. wigati, pêrlu; [x] tan [x] br: kanggo sêsumbar atêgês: mangsa abota ora!; pira (ng) [x] n (pintên banggi k): dêstun malah ...

barah: kn. bngs. lara budhêg.

barak: I m-[x] kn. ak. nyolong raja-kaya; [x]-an: raja-kaya colongan. II [x]- [x] kn. ak: jèjèr lêlarikan; [x]-an: mèh padha umur-umurane. III (W) kn: omah tambêlan dianggo nyingkirake wong lara pès (ut. kang dikira lara pès); di-[x]: disingkirake mênyang ing barakan; [x]-an: omah (panggonan) dianggo nyingkirake wong lara pès.

baran: I êngg. kn. têgal (ara-ara) pangonan (duwèke wong akèh). II panas [x](-an) kn. ak: panastèn, nêpson.

barang: I kn. 1. apa-apa kang maujud; 2. gawan, momotan (ing sêpur lsp); 3 dandanan, piranti-piranti lsp; 4 (ut. sabarang) sakabèhe kang apa bae; 5. pc. dianggo ngantebake surasaning têmbung kang ngarêp, up. lah kok ndadak nulis barang!; ora barang-barang (barang-bèrèng) ptj: ora apa-apa. II. kn: 1. ar. dhasaring laras ing gamêlan; 2. ar. laras ing gamêlan pelog. III m-[x], mbêbarang kn: lunga mrana-mrana ngebarake kabisane (njogèd, nabuh gamêlan lsp); m-[x] amuk br: ngamuk; m-[x] gawe n. (m-[x] damêl k) êngg: duwe gawe (mantu lsp); mbêbarang wirang (wirang mbêbarang) br: nuduh-nuduhake kawirangane; [x]-an: tontonan lsp. kang mbarang.

barat: êngg. kn. angin gêdhe (tmr. ing mangsa rêndhêng); kc. baratan.

barata, pabaratan: kw. papêrangan.

baratan: êngg. kn. sawah darbèke wong akèh; 2 (mangsa [x]) mangsa rêndhêng; 3. (tali [x]) tali wuwungan (kaolèhake molo).

bar-ji: pc. babarji, babar-pisan.

barji, barci: kn. lubèrci.

(barèh): m-[x]-i êngg. kn. saya bangêt (tmr. lara).

barèhan: êngg. kn. barakan, pantaran.

barèk: êngg. kn. (ut. barekan) barêngan karo kambi; 2. (ut. m-[x]) sarwa cukat, sarwa bêcik (sandhang panganggone lsp).

barèng: êngg. kn. bêndhe.

barès: kn. 1. lugu (ora duwe sêdya ala); 2. pc. pêsaja, tanpa rêrênggan lsp.

barès-kurès: kn. lugu bangêt, pêsaja bangêt.

barèt: (W) êngg. bngs. kopyah.

barêbah: br. brêbah (kc. brubuh).

barêng: n. sarêng k. 1 [ut. barêng-barêng êngg (be-) barêngan] tunggal wêktu ênggone tumindak (mlaku, nandangi [nan...]

--- 32 ---

[...dangi] lsp); 2. ing nalikane, up. [x] wis kêtêmu karo sing duwe omah, aku banjur takon; 3. samangsa wis, up. lunga-lunga [x] arêp digêbug; 4. balik, dene yèn, up. aku mono isih lamban, [x] kowe rak wis brênggarowa; [x] sêdina: nunggal sêdina; di-[x]-i: 1. ditunggali (tmr. layang, nabuh gamêlan lsp); (bê-)barengan: 1. barêng; 2. kang barêng ênggone mlaku (madhayoh lsp).

(barêp) ~ basmi.

(barêp): mbarêp pc. pambarêp n. mbajêng pc. pambajêng k. kang dhisik dhewe (ênggone lair, ênggone saku tmr. main, mlayu tmr. balapan).

barêsih: br. brêsih.

bari, mbari: êngg. kambi, barêngan karo.

baribin: br. bribin.

(barih): m-[x]-i êngg. kn. saya bangêt (larane); kc. barèh.

barik:(-an) êngg. barêngan karo, kambi.

barinan: êngg. barêngan karo, kambi.

baring: êngg. pc. 1. edan; 2. bêjijagan (ora tata) kasar.

baris: I kn. 1. (ut. bêbarisan) tata lêlarikan (tmr. prajurit); 2. (pacak [x]) siyaga ing pêrang; 3 ajar pêrang (ulah gêgaman); 4. êngg. ulah raga; di-[x]-i: dijaga ing prajurit jèjèr-jèjèr (siyaga pêrang); [x]-an: 1. ak. prajurit kang padha pacak baris; 2. prajurit pribumi ing Madura; 3. êngg. ak. pulisi. II kn: wulu jago ing gulu ut. ing sacêdhake buntut. III êngg. kn. ak: buntêlan nganggo cêkêlan; di-[x]: dibuntêl nganggo sandhatan dadi kêna dicangking.

baris pêndhêm: kn. pacak baris dhêdhêmitan (ndhêlik).

barja: (S) kw. ak. wong wadon.

barkah: (A) kn. pandonga, pangèstu; kc. bêrkah.

barkas:(-an) êngg. ak. buntêlan, bêngkekan; kc. bêrkas.

barkat: (A) kn. pangèstu; kc. bêrkat.

barleyan: 1 (W) kn. intên sing disarawèdi bêcik bangêt; 2. kayu.

barlèn, barlin: kn. wêsi diputih kaya slaka.

baru: kn. 1 êngg. lagi mêntas; 2 êngg. wang (10 dhuwit); limalas [x] êngg: 1.25 rupiyah; taun [x]: taun anyar; di-[x] êngg: ditanduri liyane (saliyane pari, palawija).

barubah: kw. bingung lan kuwur atine;kc.brubah.

barud: kn. tatu marga kêgarit (kêgèsrèk).

baruna: jk. kulon.

barung: 1 kw. barêng (tmr.swara); 2 kn. saron (gêndèr, bonang) kang gêdhe; di-[x](-i) kn: 1 dibarêngi (tmr. swaraning gamêlan); 2 êngg.dikisruhi, dirigoni.

barus, mbarus:(-an) êngg. nuli, banjur.

barusan: êngg.kn. lagi bae, mêntas bae.

barut: (wêsi [x]) êngg.kn. wilahan wêsi tipis (dianggo ngêban kothak lsp); gamêlan [x] êngg: gamêlan wêsi; di-[x] êngg: digêdhong (tmr. bayi).

baro-baro: kn. jênang putih ditêngahi jênang abang sarta dicampuri gula krambil.

baron: kn. 1 êngg. tanduran anyar (tmr.kopi lsp); 2 (W) kn.sêsêbutaning pangeran (darah luhur ing Eropah).

barongan: kn. 1 oyod-oyodan lan êrèn ing dhapuraning pring; 2 tontonan awujud têtironing kewan galak (sing dadi wong dikrukup ing bagor lsp, nganggo topèng raining kewan).

baros: kn. ar. wit.

bartis: kn. ar. bakal klambi.

barwang: jk. bruwang.

bas: I êngg.kn. papah gêbang (dianggo tampar lsp).II (W) kn: lêlurah pangarêping wong nyambut gawe (tukang kayu, tukang batu lsp). III (ut.basa) êngg: mung.

basa: I (ut. mbasa, mbasan) êngg. barêng (ing nalikane,yèn, balik, dene yèn); ora [x] êngg.ak: ora ngêmungake iki; kc. barêng. II kn: 1 ak. têmbung (pangucap); 2 sarana ginawe mêdharake gagasan awujud kaklumpukane têmbung-têmbung, up. [x] Jawa, [x] Inggris; 3 unggah-ungguhing têmbung kang mratelakake ngajèni (krama), up. yèn gunêman karo aku, ora susah [x]; 4 êngg. nyêbut papêrnahane, up. kowe karo aku [x] kakang; dibasani; diajak gunêman nganggo têmbung krama; di-basakake: 1 ak. dikramakake; 2 ditêmbungake nganggo paribasan (diupamakake kaya); bêbasan: têtêmbungan (ukara) kang ajêg panganggone, up. bêcik kêtitik ala kêtara.

basah: I kw. bosok (tmr. bangke).

basah: II kn.ak. sêsêbutaning senapati.

basahan: kn.ak. panganggo kaprabon (dododan, kulukan).

basakna, basaknea: pc. gèk kêpriye ênggonku arêp nêmbungake (mratelakake kagèt, nêpsu lsp).

basan: kn. 1 padha dene nganggo têmbung krama; 2 (ut.mbasan) êngg. barêng; kc. basa.

basanta: kw. 1 rêmbulan; 2 ar.têmbang gêdhe.

basang: êngg.pc. barêng (basa, mbasa, mbasan); di-[x] êngg: dipasang.

basar: (A) kn.ak. (paningal) maha-wikan.

bas-basan: kn. 1 bêbasan pagaweyan (garapan); 2 ar. dolanan bocah saèm, mul-mulan;kc.bas.

basêng: kn. bangêr bangêt (kyt. korèng).

basi: I kn.ak. 1 ngijolake dhuwit; 2 (ut.basèn) cowokan ing nalikane ngijolake dhuwit; dibasèni: diwènèhi cowokan. II (ut.bèsi) kn: bngs. pinggan nganggo kupingan sarta nganggo tutup.

basih: kc.bosah-basih.

basin: êngg.kn. bangêr.

basir: (A) kn.ak. waskitha; kc.basar.

baskara: (S) kw. srêngenge.

basma: (S) kw.ak. awu, kobong.

basmara: (kabasmaran) kw.ak. kêsêngsêm.

basmi: (S) kw.ak. kobong; kc. bêsmi

--- 33 ---

basmibuta ~ bawa

basmibuta: (S) kw.ak. kobong dadi awu (sirna).

basu: I di-[x](dibasuh) êngg. diwasuh. II (S) kw.ak: ar. golonganing satêngah dewa (cacahe wolu).

basundara, basundari: (S) kw.ak. bumi.

basuki: kw. slamêt, rahayu.

baswara: (S) kw. sumorot, gumêbyar.

bat: êngg. tilasing pagaweyan.

bata: n. banon k. 1 rimbagan lêmah sing wis diobong (dianggo gawe tembok lsp); 2 (ut.[x] bumi) ak. pagêr bata ing pakarangan; 3 êngg. dianggo wilangan apa-apa sing wangune pêsagi (uyah lsp);4 êngg. ak.ru (cêngkal); [x]-[x] diadu [x] pc: nyambut gawe wragade dijupuk saka olèh-olèhane; m-[x] sarimbag: wangun pêsagi-pêsagi (tmr.tulisan); mbata rubuh: bêbarêngan (surak, mantokake anak lsp).

(batak): pambatak kn.ak. pangarêp.

batal: (A) kn. ora kanggo (ênggone pasa, wulu lsp, marga nêrak wêwaton); di-[x]-ake ak: 1 dianggêp batal, ora dianggêp absah; 2 diwurungake (lmr.tmr.ningkahan).

batan: kn. wangune kaya bata.

(batang): di-[x] kn. 1 dijarwani têgêse (tmr.impèn); 2 dibêdhèk (tmr.cangkriman lsp); 3 dipêthèk; [x]-an: 1 bêdhèkan; 2 êngg.ar.lagu kêndhangan.

batèh: êngg.pc. batih.

(batêk): di-[x] kn. 1 êngg.ditarik, dicènèng; 2 êngg.ak: dipanthêng; 3 êngg. diêpêng bangêt (ênggone nênuwun lsp).

batên, mbatên: êngg.k. ora.

batih: kn. 1 brayat ut.wong-wong kang nunggal saomah sarta dadi têtanggungane; 2 pc.bojo; kê-[x]: klêbu dadi batih.

batihan: (bêbatihan) êngg.kn. 1 watês (ing pomahan); 2 adu watês karo.

batin: n. batos k. 1 sajroning ati, kb, lair; 2 êngg.ing sanyatane (têrus ing ati); di-[x] êngg: dianggit sajroning ati (ora dilairake); kabatinan: (kawruh, prakara lsp) kang gêgayutan karo batin.

bating: êngg.pc. babar-pisan.

batir: êngg.kn. 1 rewang, kanca; 2 rewang (batur).

batis: ps. baptis.

batu: (M) kn. watu, bata (lmr.tmr. gawe tembok); gula [x] n. gêndhis sela k: gula têbu kang pating pringkil; tukang [x] kn: tukang gawe tembok lsp.

batu: (-api) watu gêni (kang dianggo ing rèk gêretan).

batuk-kêring: (M) pc. lara watuk cêkèk (tbc).

batur: 1 (ut. bêbatur) kn. pinggiraning dhasaring omah (pêndhapa) kang luwih dhuwur tinimbang lêmah sarta kang digawe bata dilepa; 2 (ut.bêbatur) kn. bata lepan sangganing gêdhèg (yèn didêlêng saka ing jaba); 3 êngg.kn.kanca; 4 n. rencang k. rewang, wong kang mèlu wong liya (ngrewangi pagaweyan lsp); di-[x] ut.dibêbatur: ditrapi bêbatur.

batur tukon: n. rencang tumbasan k. batur sarana dituku.

batos: k. batin.

bacêg: êngg.kn. kunthing.

bacêk: kn. banyune ora bisa mili (tmr.sawah, palêmahan).

(bacêm): di-[x] kn. dikum ing uyah (gula lsp); [x]-an: kang wis dibacêm.

bacin: kn. ambu kang ora enak (kaya ambuning idu lsp); yèn ana amis[x]-e pc: yèn ana pakewuhe (kasusahane).

bacingah: bala [x] kw. bala campuran warna-warna.

bacira: (S) kw. plataran, alun-alun.

(bacuk, bacok): di-[x] kn. ditatoni (dicowèl lsp) nganggo arit lsp.

(bacut): m-[x] êngg.pc. mbanjur, têrus; di-[x]-ake pc: dibanjurake; kê-[x]: kêbanjur.

bacot: 1 êngg. irung; 2 ks.congor, cangkêm.

batha: (S) kw.ak. prajurit, bala.

bathamantri: (S) kw.ak. senapati.

bathang: kn. 1 bangke (lmr.tmr.kewan.ks.tm.manungsa); 2 ent. barang sing wis bubrah; [x] lêlaku pr: lêlungan ijèn; [x] ucap-ucap pr: lêlungan mung wong loro; nyundhang [x] banthèng pr: ndadèkake priyayi wong gêdhe kang wis apês; m-[x]: nglangi mlumah.

bathara: kw. 1 sêsêbutaning dewa; 2 dewa; asoca [x] br: waskitha; binathara: kang kinurmatan (kang kaya dewa), lmr. kanggo sêsêbutaning ratu.

bathari: kw. dèwi.

bathèn: kn. luwihan saka pawitan (kulakan);kc.bathi.

(bathêthêt): kc.bêthêthêt.

bathi: kn. 1 payu luwih saka pawitan (kulakane); 2 (ut.bathèn,bêbathèn) luwihan saka pawitan (kulakan); di-[x]: dijupuk bathine, dikurangi saka samêsthine (diunthêt); dibathèni: diwènèhi bathi.

bathik:(-an) n. sêratan k. dudu cap-capan (tmr.jarit lsp); di-[x] n. dipun sêrat k: corak gêgambaran nganggo malam (bakal didadèkake jarit, ikêt lsp).

(bathil): di-[x](-i) kn.ak. dikêthoki cêndhak-cêndhak (tmr. rambut, suri, wulu).

(bathu):m-[x] êngg.kn.ak. kêmbul mangan tunggal ajang;kc.bathon.

bathuk: kn. palarapan ki: peranganing êndhas kang ngarêp.

bathok: kn. cangkoking krambil (sok dianggo siwur, takêran lsp); [x] bolu: bathok kang ana bolongane têlu (maune pênêr gantilan); [x] bolu isi madu pr: wong asor nanging sugih kaluwihan; têsmak[x](mata mlorok ora ndêdêlok) pc.ks: ora wêruh; m-[x] mêngkurêb: wangune kaya bathok dikurêbake.

bathon: (ut.bêbathon) kn. padha urunan dianggo pawitan (dagang ut. main).

bawa: (S) kw. 1 kaanan, sipat; 2 uni,swara; 3 êngg.kn.wiwit, miwiti; 4 (ut.bawa-swara) kn. têmbang kang dianggo mbukani gêndhing; [x] dhewe: madêg dhewe (ora kawêngku ing liyan); kacakra[x]pr: kêna ing panggrayangan ala; m-[x]: mbukani gêndhing (ut.sêmbahyang); bawane br: ing sarèhne (kadunungan

--- 34 ---

kaanan ut.watak); mbawani pc: nguwasani, mêngkoni.

bawah ~ bêkèr.

bawah: (-ing, kêbawah) kn. kalêbu ing wêwêngkone, dadi so-sorane; di-[x]-ake: dirèhake ing, diwêngku marang; ora kê-[x] ora kêprentah pr: ora dikuwasani babar-pisan.

bawahan: kn.ak. pista (duwe gawe mantu lsp).

bawak: kn. kayu awak-awaking wêsine pacul.

bawal: kn. ar.iwak loh.

bawa-laksana: (bawa-lêsana pc) kw. nêtêpi kang dadi ujare.

bawana: (S) kw. 1 omah, panggonan; 2 jagat;kc.buwana.

bawang: kn. bngs.brambang rupane putih; [x] kothong ut. pupuk[x] êngg.pc: mèlu dolanan (gobag lsp) nanging ora katut dadi.

bawa-rasa: kw. rêrêmbugan.

bawasir: (A) kn.ak. ar. lêlara jubur.

bawat: kn. payung lontar garane dawa (ing upacara).

bawera: kn.ak. jêmbar sarta padhang (ora sumpêk).

bawinipun: êngg.k. bawane;kc.bawa.

bawiswa: (S) kw.ak. enggal, rikat, banjur.

bawuk: kn. 1 warna sêmu biru ut.klawu rêgêd; 2 pc.pawadonan.

bawur: kn. 1 êngg.campur dadi siji (ora pilah-pilah); 2 oa cêtha tmr.pandêlêng; 3 ruwêt tmr.prakara lsp.

bawon: kn. 1 pari opahane ênggone buruh dêrêp; 2 wilanganing pari kang mêntas diênèni (± 8 agêm); di-[x]-i: 1 diwènèhi bawon; 2 ak.diunthêt, dikurangi.

be: I êngg.pc. 1 wurung; 2 bae (badhe). II kn:ar.taun kang kaping nêm (ing windu).

bebas: êngg.kn.ak. êntèk babar-pisan; [x]-an: 1 tanpa nganggo ingon (ut.wuwuhan apa-apa)tmr.wong mburuhake; 2 êngg.didol blas (ora kêna dituku manèh).

bèbèk: kn. ar. kewan iwèn bngs.enthog; payung (caping) [x]: payung (caping) sing digawe blarak, gêbang lsp; [x] diwuruki nglangi pr: wis bisa diwuruki; [x] mungsuh mliwis pr: pintêr padha pintêr mêmungsuhan.

bèbèl: (-bèbèl) pc. bola-bali anggone ngandhani (nuturi lsp).

(bèbèn): m-[x]-ni êngg.kn. ngijèni.

bèbèr: êngg.kn. 1 ak.digêlar; 2 ngebarake tontonane dianggo tawa (tmr.lèdhèk barangan lsp); di-[x] êngg: digêlar, dijèrèng.

bèbèt: kn. turun(-an).

(bèbrèk): m-[x] kn. mundhak amba (tmr.suwèk, tatu lsp).

(bèbrèl): m-[x] kn. 1 êngg.gampang rusake (ora kukuh); 2 êngg.umuk-umukan, nggêdobrol.

beda: I di-[x], dibêbeda kn. digawe mangkêl sarana dilêlèdhèk, dicêngèsi lsp. II kn: 1 gèsèh mungguh ing kaanane (blêgêre); 2 ora padha; 3 (ut.bedane) êngg.ananging yèn; [x]- [x]: ora padha (kaanane, wujude lsp); dibedakake: dipilah, digawe beda karo panunggalane.

bedang: (mbedang) pc. wc.lambe dandang, pinggirane nyêpèr.

bedru: êngg.ak. pradongdi, pasulayan.

beja: ut. mbejani êngg.k. ngandhani (awèh wêruh).

(bèjèg): di-[x] êngg.kn. digodha, dirigoni, diribêdi.

bèjèn: kn. ditrètès ing intên kabèh (tmr.suwêng, bênik lsp);kc.bèji.

bèji: I kn. blumbangan dianggo lêlangên, praon lsp. II kn: bngs.paku êndhase njêbèr (paku têrbang lsp).

bejog: kn. pincang marga sikile dawa cêndhak.

bejos: pc. bisa.

(bedhang): di-[x] kn. didhêmêni; [x]-an: 1 dhêmênan; 2 wong kang didhêmêni.

bèdhèngan, bèdhêngan: kn. gulan (punthukan) lêmah ing patêbon saantarane lobangan.

(bedhung): di-[x] êngg.ak. digodha, dibêbeda (sarta dirigoni).

bedhor: kn. landhêping panah.

bèg: I mak [x]. katranganing tiba lsp. II kn: panjaga sangarêping gul (tmr.bal-balan).

begal: kn. durjana kang ngadhang ing dêdalan; di-[x]: dirêbut barang darbèke dening begal; [x]-an: 1 babagan wong dibegal; 2 ent. sandhungan, alangan.

bègèn: êngg.pc. karêbèn, ya bèn.

(bêgod): m-[x] êngg.kn. wangkod (tmr. kewan), pugal.

bèh: kn.ak. gêgêntine 30 (dianggo petungan antarane 30-40, ekane diwancah) up. bèh-ji (31) bèh-ro (32) lsp.

bèhèl: êngg.pc. sugih bangêt.

bèi: kn. wc.ngabèi.

beya, prabeya: êngg.kn.ak. 1 wragad; 2 pajêg (barang ing palabuhan); di-beyani êngg.ak: diwragadi; pabeyan: papan dianggo mupu beya (ing palabuhan).

bèyèkan: êngg. kn. boyok.

bèyès: kn. anak yuyu.

beyo: kn. 1 menco ênom; 2 êngg. menco.

beyongan: kn. kuthuk cilik.

bèk: I êngg.pc. ya bèk, karêbèn. II êngg.pc: bibi. III êngg. kn: kêpala kampung. IV. (mbèk) pc: kambi (karo). V (mbèk) pc: darbèk (duwèk); sing mbèk êngg: sing nduwèni; di-[x]-i: dipèk, didarbèni; [x]- [x]-an: pilah-pilah padha ndarbèni dhewe-dhewe. VI bèke êngg: lagi bae, mêntas. VII bèke êngg: dêlêngên, dak-dêlênge. VIII êngg: 400 ru.

beka: êngg.kn. 1 ak. kangelan, rêribêd; 2 (ut. [x]-rêncana br) alangan, kasusahan; 3 (ut.m-[x], mbekani ak) rèwèl, mothah (tmr. bocah cilik).

bèkèl: kn. 1 mblêndhuk ing dhuwur (tmr.wêtêng); 2 iwak tagèh.

(bèkèr): m-[x] êngg.kn. ribut tumandang ing gawe (sarta kêrepotan), kakehan omong (kang tanpa tanja).

(bèkêr): (W) kn. 1 (jam[x]) jam nganggo klinthing (dianggo gugah-gugah); 2 bngs.

--- 35 ---

tuwung slaka lsp (dianggo ganjaran ing ulah raga lsp).

bèkne ~ bèrêm

bèkne: pc. 1 karêbèn; 2 êngg. ambakneya.

bèl: I (W) kn. klinthing (ing pamulangan lsp) II êngg.kn: wadung.

bela: kn. 1 ak. wong kang labuh mati; 2 mèlu nglabuhi sangsara ut.pati; 3 êngg.nunut têtak (sunat); dibelani: 1 diiloni ênggone sangsara lsp; 2 pc.diêmbani tmr.prakara; 3 êngg. dinunuti têtak (sunat).

belan: êngg.kn. karêm.

bela sungkawa: kw. mèlu susah (marga kêpatèn lsp).

bela tampa: kw. salah (kliru) tampa.

bèlèk: kn. ar. lara mata; jaka [x]: ar. lintang; [x]-ên: nandang lara bèlèk.

(bèlèng): m-[x] êngg.pc. ora gêlêm manut, ora bisa kalah, atos bangêt.

bèlès: êngg.kn. jèlès.

(belok): m-[x] êngg.kn. menggok.

belong: kn. bêlang ing pilingan.

(belot): m-[x] pc. angèl digugah (diatag).

bema: kw.ak. 1 beka, bêbaya; 2 nggêgirisi, mêmêdèni; tundha [x] pr: muwuh-muwuhi bêbaya (sangsara).

(bèmbrèng): di-[x] kn.ak. dijèrèng; m-[x]-ake ak: njalari susah.

bèn: I pc. karêbèn.II (mbèn) pc: besuk êmbèn.

bena, benah: êngg. beda, seje.

bèndi, bèndhi: kn. ar. kreta arodha loro.

bendra: êngg.kn.ak. bungah-bungah, ngênglêng (kedanan).

bendrang: kn. pêtis calo.

bendrong: kn. 1 kothèkan (gejog) dianggo têngara; 2 ar. gêndhing; 3 êngg.pc.ikalan bolah (nalika ngundha layangan); di-[x] (-i): 1 diwèhi têngara nganggo kothèkan (gejog); 2 ak. dibêdhili, dimriyêmi.

benjang: êngg.k. besuk; [x] enjang êngg.k: sesuk esuk.

benjing: k. besuk; [x] enjing k: sesuk-(-esuk).

benjo: kn. ora bundêr kêplêng.

benjoh, benjuh,benjis: ks. bisa.

bendha: kn. ar.woh dianggo jamu ut.dolanan bengkat.

bèndhêl: (-an) kn. tumpukan layang-layang kang pêrlu-pêrlu (kang disimpên); klêbu ing [x] (ut.kê-[x],di-[x])pc: dicirèni kalakuane.

bèndhêng: êngg. kn. tampar gêdhe; di-[x] êngg: 1 ditalèni nganggo bèndhêng; 2 disambung urube (tmr. listrik).

bèndhêr: êngg. kn. tukang njilid buku.

bèndhot: êngg. pc. lêmu kiyêng.

bene: êngg. lagi bae, mêntas.

bènèh: êngg. kn. 1 beda, seje; 2 anèh.

bèntèng: êngg.kn. 1 bètèng; 2 bêndungan.

bèntên: êngg. k. beda.

bènto: êngg. pc. cubluk, bodho.

bencak: êngg. kn. garu ora digèrèd ing sapi (kêbo).

bèncèng: kn. 1 pèncèng, ora padha lakune; 2 (ut. [x] karêp) ora padha karêpe, sulaya; 3 êngg.pc.ora cèplês.

bèncèng-cèwèng: kn. tansah sulaya panêmune, bingung.

bencok: kn. bngs. kodhok manggon ing wit-witan.

bènyèk: pc. mlênyok, tatu kang arêp dadi gudig; kc. bonyok.

bèng: êngg.pc. jêbèng.

bengas-bengos: kn. pating crengos irêng (tmr.rai).

bengat: kn.ak. piwulanging ngèlmu tuwa.

bèngès: kn. bngs. nopal dianggo ngabang lambe; di-[x]: diabang lambene; bêbengesan ent: lamis, lêlamisan.

benggol: kn. 1 dhuwit têmbaga ajine 2½ sèn; 2 lêlurahing kècu (begal).

bengkas: di-[x]. 1 kw. dirampungi, disirnakake; 2 êngg.kn.diselaki, ora diakoni.

bengkat: kn. ar.dolanan bocah nganggo bendha.

bèngkèk: kn. 1 êngg. lara pêgêl ing boyok (bangkèkan); 2 angèl diêdum (dibage, dipara), ora cèplês.

bèngkèl: I êngg.kn. lara wêtêng rasane atos. II êngg.kn: bingkil.

bèngkèng: êngg.kn. wangkod, wangkal.

bèngkok: êngg.kn. bengkong.

bengkong: kn. mbêngkêluk (tmr.têkên lsp,kb. bênêr).

(bengkot): m-[x] kn. mlengos nandhakake yèn êmoh.

(bengkrak): bêbengkrakan kn. sêsongaran, umuk-umukan, royal-royalan.

bengorên: kn. lambene lidhas marga kakehan ênjêt ênggone nginang.

bèngsèng: êngg.kn. bajingan, maling.

bèr: kn (wc. ambèr, luhur) sênêng wèwèh; di-[x]-i diwratani, dilêbi; 2 diwêwènèhi; di-[x]-ake: didum-dumake marang wong akèh.

berag: êngg.kn. 1 katon sênêng lan bungah; 2 ak. birai.

berak: êngg.ks. sêsukêr; m-[x] ks: bêbanyu.

berama: kw. endah, nêngsêmake;kc.birama.

berang: kn. bngs.bêndho gêdhe.

berat: di-[x] êngg.ak. diilangi, dirêsikake;kc.birat.

berawa: (S) kw. 1 nggêgirisi, mêdèni; 2 gagah prakosa.

bèr-budi: kn. sênêng wèwèh, loma bangêt.

bèrji: kn. lobêrci.

(bere): kê-[x]- [x] êngg.pc. kêlantur-lantur.

(bèrèk): di-[x] êngg.kn. dibêlèh (tmr.kewan), diiris lan dibêdhah (tmr.nangka lsp).

bèrèng: I ora [x]- [x] (barang-bèrèng) pc. ora apa-apa; kc. barang. II kn: lêlaraning kulit wujud abang mlerah ing lêkêraning kulit; [x]-ên: nandhang lara bèrèng.

bèrès: êngg.pc. tata bêcik; di-[x]-i(-ake) pc: ditata kalawan bêcik.

bèrèt: I m-[x] êngg.pc. nyingkiri (nglungani) pagawean; [x]-an êngg: tambahan pamêtu (saliyane kang baku).II di-[x] êngg.pc: disenggol.

bèrêm: I êngg.kn.ak. biru ênom (tmr. wêdêlan).

--- 36 ---

II (W) êngg.kn: tanggul ing pinggir dalan.

bèri ~ bêbêtan

bèri: kn. 1 gong tanpa pêncu; 2 tembor, talam.

bering: kn. 1 miring nisih (tmr.prau, layangan lsp); 2 ks.kera; 3 pilih sih, ora adil; 4 ks.edan.

bèrlin: kn. kc.barlin.

bèrmad: êngg.kn. bakul ing sêgara.

berok: I kn. (wêdhus [x]) wêdhus gêdhe nganggo jenggot. II êngg.kn: papan gawe (ndandani) prau lsp. III êngg.kn: kantor (-pulisi); [x]-an êngg; meja panulisan (nganggo lêmarèn sarta slorogan). IV. [x]-an êngg.kn: tontonan barangan.

berongên: êngg.kn. bengorên.

besan: kn. wong tuwane anak mantu; [x]-an: padha dene njodhokake anake (kang siji urun lanang sijine urun wadon ut.kosok baline).

bèsèk: kn. ar.wadhah sing wujude saèm. tumbu nanging cilik sarta nganggo tutup.

bèsèng: êngg.kn. maling, begal; kc.bèngsèng.

bèsèr: kn. 1 kêrêp nguyuh; 2 kêrêp awoh; 3 tansah udan.

besuk: n. benjing k. 1 (ut.ing[x], [x]- [x]) ing têmbe buri; 2 mratelakake wêktu (mangsa, dina, sasi lsp) kang bakal kêlakon, up. [x] Slasa, [x] Rêjêb, [x] apa ([x]kapan) n. benjing punapa k: pitakon nakokake wêktu (mangsa, dina lsp) kang bakal kêlakon.

besuk: (êm-)bèn n. benjing (êm-)bèn k. dina saburine sesuk.

besuk-besuk: (besuk iki) êngg.n.(benjing-enjing k). sesuk.

besuk manèh: n. benjing malih k. ing têmbe buri, ing sabanjure (ing wêktu kang bakal kêlakon).

bètamal: (A) kn. 1 ak.gêdhong raja-brana; 2 pc.bukti (barang kang dadi cihna tmr.prakaran); kc.butamal.

bèlèh: kn. pêpadon nanggulangi panêmu (prakarane); ngadu[x],m-[x]-ake: sakarone padha dikon nanggulangi panêmu (prakarane) ditimbang êndi kang bênêr.

bètèng: kn. 1 pagêr bata sêntosa ing sakubênge kraton lsp; 2 loji kumpêni sing diubêngi ing pagêr bata; di-[x]-i: didokoki bètèng.

bètêr: (W) kn. 1 karèt rangkêpane bal kompan kang jêro; 2 ar. inuman kêras (uga diarani pait).

beca-bècu: pc. muring-muring kambi bêngak-bêngok.

becah: êngg.k. bocah.

bècèk: kn. 1 blêthok, jêblog; 2 êngg.ar. jangan sing digawe iwak daging (dianggo slamêtan); di-[x] êngg.pc: dicacah-cacah, ditatoni, diprail-prail.

bècèr: (-an) kn. 1 dhuwit sêdhiyan dianggo blanja padinan; 2 ak. wragad-wragad mirunggan, pajêg mirunggan; m-[x] êngg: têtuku barang-barang kang dianggo mangan, blanja; dibêbècèr: diêcèh-êcèh ora tumanja (tmr.dhuwit).

(bècu): m-[x] êngg.pc. muring (mrêngut);kc.beca-bècu.

becok: êngg.kn. blêthok, jêblog;kc.bècèk.

becos: êngg.pc. bisa.

bèthèk: êngg.kn. bngs.tenggok ut. kranjang (dianggo mêmikul).

bèthèt: I kn. ar. manuk bngs. nori cilik. II di-[x]-i kn: dibêdhèl lan dijupuki jêroane (tmr. pitik, iwak loh lsp).

(bèthêm): m-[x] êngg.pc. mêcucu mingkêm (tmr. cangkêm).

(bèthêr): m-[x] êngg.pc. gêdhe mbêngkuk (tmr. irung).

(betho): m-[x] kn. gawe swara nganggo tangan loro ditangkêbake ing jêro nggronggong tumuli disêbul saka ing bolongan gathukaning jêmpol.

bethongan: êngg.kn. ar. klambi potongane mèmpêr takwa lan mèmpêr bêskap.

bewak: kn.ak. tangsi pajagan.

bèwèh: êngg.kn. jengkol sing wis dipêndhêm (rênyah, ora pati mambu).

(bèwèl): m-[x] êngg.pc. akèh bangêt (gudhige lsp).

(bèwès): m-[x] pc. 1 tansah ndlèwèr (mili); 2 ks. kêrêp manak; 3 akèh bangêt (utange, tumane).

bewok: pc. brewok.

bêbada: kn. mancal arêp lair (tmr. bayi ing wêtêngan);kc. bada.

bêbadra: êngg.kn. 1 wiwit bêbakal; 2 mbabad alas;kc.badra.

(bêbah): dipun-[x]-i k. dibubuhi;kc. bubuh.

(bêbak): di-[x] kn. ditutu ut. disosoh diilangi kulite (tmr. pari, kopi lsp).

(bêbana): m-[x] kw. ngasih-asih njêjaluk;kc.bana.

bêbandan: kn.ak. pasakitan (wong kang dibanda);kc.banda.

(bêbara): m-[x] kn. lunga mênyang ing liyan nêgara pêrlu golèk pangupa-jiwa;kc. bara.

bêbasan: kn. têtêmbungan kang ngêmu têgês pêpindhan.

bêbêd: kn. nyamping ki. jarit kang dianggo ing wong lanang; di-[x]-i: diênggoni bêbêd; [x]-an: nganggo bêbêd.

bêbêg: kn. 1 mambêg dening dibêndung lsp (tmr. ilining banyu); 2 (wêtênge [x]) ora lêga, krasa sêbah; 3 (atine [x]) kêbak ing kasusahan; di-[x]: 1 dibêndung; 2 disimpêni (tmr. dhuwit), dicandhêt (tmr. kêkarêpan); [x]-an êngg: bêndungan.

bêbêh: êngg.kn. aras-arasên tumandang ing gawe.

(bêbêk): di-[x] êngg. dibêbak.

bêbêl: ut. kêbêbêlên êngg.pc. 1 angèl ênggone mêtu (tmr. bêbanyu lsp); 2 ora gathekan.

(bêbêng): kê-[x].kn.ak. mati ana ing wêtêngan marga ora bisa lair.

bêbêra: kn. nggarap pêlêmahan sing wis bêra lan didadèkake sawah; bêbêran, bêran: palêmahan kang bêra; kc. bêra.

(bêbês): di-[x] êngg.kn. digolèki mênyang ing ngêndi-êndi;kc.blêbês.

bêbêtan: pc.k. bêbêktan (gawan).

--- 37 ---

bêblêk ~ bêdhil.

bêblêk: pc. 1 akèh bangêt wonge; 2 akèh bangêt (pagaweane); 3 akèh bangêt sarta ora payu (tmr. dagangan).

bêblês: kn.ak. amblês (mblêdhês).

bêbudèn: kn. wêwatakan;kc. budi.

bêbojoan: kn. jêjodhoan salaki-rabi;kc.bojo.

(bêbodho): di-[x] êngg(arêp) diapusi; kc. bodho.

bêbrêg, bêbrêk: kn. 1 kakehan pagawean, garapan lsp; 2 akèh bangêt sarta ora payu (tmr. dagangan).

(bêbrêt): m-[x] kn. mbêdhêl gampang suwèke (tmr. bakal lsp).

bêdadok: êngg.kn. bngs. tenggok gêdhe; m-[x] êngg.pc: ora urus.

bêdaringan: êngg.pc. pêdaringan.

(bêdêdêng): m-[x], [x]-an pc. 1 mundhak dawa lan atos; 2 ngêtog kakuwatan (kanthi mêmpêng).

bêdinan: n. bêdintênan k.pc. padinan.

bêdudan: kn. bumbungan nganggo cupak piranti nyêrèt.

(bêdudung): m-[x] pc. mêlar lan atos (tmr. wêtêng). warêg bangêt.

(bêdodok): m-[x] êngg.pc. dhêmên umuk-umukan.

(bêdodong): m-[x] pc. 1 mundhak gêdhe lan atos; 2 ks. mati.

bêdondi: pc. pêpadon; kc. pradondi.

bêdor: êngg.kn. 1 karêbèn; 2 ar. kêrtu cilik.

bêja: pc. bêgja.

bêjad: kn. rusak lan copot saka sêsambungane (tmr. tenggok lsp); di-[x]: dirusak sarana dicopoti kanthi pêksa;kc.bujad.

(bêjaji): m-[x] êngg.pc. pangaji (ana rêgane).

bêjagir: êngg.kn. anthèk, batur.

bêjan:(-bêjan) kn. (mung kari) adu bêgja;kc. bêgja.

bêjèr: kn. rèmbès matane.

bêjigur: êngg.kn. ampas wedang bubuk kopi.

(bêjud): m-[x] êngg.kn. nekad ora nggugu panêmune dhewe (ora manut padatan); 2 kurang ajar.

bêdad: kn. ucul copot saka sêsambungane ut. talènane (tmr. nam-naman, wêngku, gêlang lsp).

(bêdhadhag): m-[x] êngg.kn. gêdhe lan jêmbar (tmr. wêtêng, susu lsp).

bêdhag: (ut. m-[x]) kn. 1 êngg. ngoyak; 2 (ut.mbêbêdhag) mbêburu golèk kewan (lmr. kewan asikil papat); 3 (ut. mbêbêdhag) êngg. buruh nggarap sawah (maro pamêtu); 4 (ut. mbêdhag-buruh) êngg.k.bêburuh nyambut gawe (dadi anthèk); 5 êngg.k. mênang (tmr. ngabotohan); [x]-an: 1 kewan kang dibêdhag, bêburon; 2 burukan (olèh-olèhane mbêburu); 3 êngg. opahan, buruhan.

(bêdhagal): di-[x] kn. diroda-pêksa, diprusa.

bêdhag-pikat: kn. mbêburu buron alas lan golèk manuk.

bêdhah: kn. 1 jêbol (tmr. tembok, bêndungan lsp), suwèk jêbol (tmr. jarit, bal lsp); 2 dikalahake ing mungsuh (tmr. bètèng, nêgara, kraton); di-[x]: 1 dijêbol, disuwèk lan dijêbol; 2 dikalahake (tmr. nêgara lsp); 3 (ut. dibêbêdhah) êngg. diwluku kang sapisanan; 4 (ut. di-[x]-i) diguntingi arêp digawe klambi lsp (tmr. bakal); [x]-an: 1 jêbolan; 2 wanguning potongan klambi lsp; 3 êngg. ilèn-ilèn banyu mênyang ing sawah.

bêdhah-bumi: kn. dhuwit minangka opahan gawe kluwat (ing kuburan).

bêdhaya: kn. 1 êngg. tlèdhèk; 2 bngs. srimpi ing kraton.

(bêdhal): m-[x]kn. 1 mbêrot ucul saka ing cancangan (kandhang); 2 êngg. lunga misah karo kanca-kancane.

bêdhama: kw. 1 êngg. gêgaman; 2 bngs. wadung; 3 êngg. sêmayan ut. wis rêmbugan ing sadurunge.

bêdhami, bêdhamèn: kn. 1 sêmayan ut. wis rêmbugan ing sadurunge; 2 prajangjian mari mêmungsuhan (pêrang).

(bêdhandho): m-[x] kn.ak. gojag-gajêg pamikire; mbêdhandhoni: (njalari) gojag-gajêg kaya sida kaya ora.

bêdhat: kn. kc. bêdhad.

bêdhati: êngg.kn. pêdhati.

bêdhawang: kw. bulus.

bêdhawangan: êngg.kn.ak. têtironing gêndruwo (ing arak-arakan lsp).

(bêdhe): di-[x] êngg.pc. dibadhe;kc. bêdhèk.

(bêdhèdhèh): m-[x] pc. katon gêdhe mbêdhadhag (tmr. wêtêng sing diêlèr).

bêdhega: êngg.kn. rewang (wong tani, juru misaya iwak).

(bêdhèk): di-[x] êngg. pc. dibadhe; [x]-an êngg: pêthèkan, cangkriman.

(bêdhèl): di-[x] kn. 1 disuwèk (diiris, dibêdhah lsp) dijupuk isine; 2 diopêrasi; 3 dikêdhuki digawe kalenan (tmr. palêmahan), dibêdhah banjur diilèkake (tmr. kali lsp); 4 êngg. dibabadi arêp digawe desa lsp.

bêdhès: êngg.kn. 1 kêthèk; 2 pc. sabawa mratelakake gumun.

(bêdhêdhêg): m-[x] kn. 1 krasa sêbah marga mangsuk angin lsp (tmr. wêtêng); 2 êngg. mêdhuk ngantarani yèn arêp mambu (tmr.sêga); 3 (atine [x]) mangkêl bangêt; 4 bungah bangêt sarta mongkog (dening diurmati lsp).

(bêdhêl): m-[x] kn. ora wulêd (tmr. tali, tênunan, kulit).

bêdhêngul, bêdhêngus: êngg.pc. dumadakan mêncungul (ngaton).

(bêdhidhêt): ora m-[x] pc. ora enggal lêmu-lêmu (tmr. têtuwuhan).

(bêdhidhig): m-[x] pc. umuk bangêt (êmoh nyambut gawe kasar lsp).

bêdhidhing: (mangsa [x]) kn. mangsa adhêm (lmr. kêtiga ing wayah bêngi).

(bêdhigal): m-[x] pc. ugal-ugalan.

bêdhigasan: kn. sarwa kêsusu sarta gasgasan matane pêndirangan.

bêdhiyang: kn. gêni ut. urub-urub dianggo api-api ut. nggusah lêmud.

bêdhil: n. sênjata k. ar. gêgaman awujud wêsi wuluhan nganggo popor diisèni obat mimis ut. patrum); di-[x]: dilêpasi mimis (gotri) sarana bêdhil.

--- 38 ---

bêdhil-angin n. sênjata-angin k: bêdhil kang tanpa obat.

bêdhudhak ~ (bêkêm).

bêdhudhak: kn. ar. ula mandi; m-[x] ak: 1 ora ana paedahe; 2. ora pêrdulèn, ora gêlêm mingsêt saka papane, kêsèd nggêglawat.

(bêdhudhug): m-[x] kn. katon gêdhe (mlêmbung) marga kakehan isi.

bêdhug: kn. 1. ar. têtabuhan wujude saèm. têtêg gêdhe (tmr. dianggo têngara sêmbahyang ing mêsjid); 2 (ut. [x] awan) wayah jam 12 awan; [x] bêngi ([x] dawa êngg): wayah jam 12 bêngi; [x] têlu: esuk jam satêngah papat; sa-[x]: 1 gêdhene padha karo bêdhug; 2. wiwit esuk têkan jam 12 awan; pasa m-[x]: pasa mung têkan jam 12 awan.

bêdhugul: kn. ak. ora nyandhang kalawan pantês, ora kêrisan.

bêdhungul: mak [x] pc. dumadakan ngaton.

bêdho:. êngg. kn. wurung, baul; dibêdhokake: diwurungake.

(bêdhodhok): m-[x] kn. 1. njêgrag mêkrok (tmr. wuluning manuk); 2. mêlar mundhak gêdhe ut. mlêmbung); 2. mêlar mundhak gêdhe ut. mlêmbung (tmr. wiji diêkum ut. digodhog).

(bêdhog): di-[x] kn. 1. dicolong sarana dicêkêl nalikane sêsaba (tmr. pitik bèbèk lsp); 2. pc. têrus diajak lunga lsp. ing nalikane kêtêmu (kêpêthuk).

bêdhog: êngg. kn. bngs. wadung; di-[x] êngg: didhungkari tmr. tunggak lsp.

bêdhogol: êngg. kn. tunggak kang sêmi, thikilan; [x]-an êngg. ks: anak, turun.

(bêdhol): di-[x] kn. 1. dicopot saka ing tancêban ut. saka ing lêmah (tmr. wit); 2. diusung digawa (tmr. sanak-sêdulur); 3. ditarik munggah (tmr. jangkaring prau).

bêdhol jangkar: kn. mangkat lêlayaran.

bêdhol gêndera: br. mangkat nglurug (tmr. prajurit).

bêga: êngg. kn. groyok (gunêmane).

(bêgadad, bêgadag): m-[x] êngg. kn. nyolong raja-kaya (kang diêngon).

bêgajagan: kn. ak. ala bangêt kalakuane (tmr. wong wadon).

(bêgagah): m-[x] kn. ngadêg sikile njênggar.

bêgandring:(-an) êngg. kn. kumpulan, srasehan, rêrêmbugan.

bêganjok: kn. ak. ar. dhapuring omah kaya mêsjid; m-[x] pc: ora lumrahing akèh, nganèh-anèhi (tmr. bêbudèn).

bêgar: kw. bungah, sênêng; kc. bigar.

bêgawan: kn. kc. bagawan.

bêgja: kn. 1(ut. kabêgjan) lêlakon kang marêmake ati, kb. cilaka; 2. olèh kabêgjan, dumunung ing kaanan bêgja; bêgjane: bêgja dene.

bêgja-kêmayangan: br. bêgja (kêbênêran bangêt).

bêgjan: (-bêgjan) kn. (mung kari) adu bêgja.

(bêgègèh): m-[x] kn. rada mbêgagah.

(bêgènggèng): m-[x] kn. 1. wis wiwit waras; 2. pc. rada katon sugih (kêcukupan), rada sigrak.

bêgèr: kn. bigar, bungah bangêt.

bêgêblug: pc. ungsum lêlara; kc. pagêblug.

(bêgêdud): m-[x] pc. wangkod (ora manut ing ujar) kc. brêgêdud.

(bêgêgêg): m-[x] kn. (ngadêg, linggih) jêjêg sarta mênêng bae.

(bêgigih): m-[x] kn. 1. pc. mbêgagah ciyut; 2 suthik tumandang (êmoh mèlu).

bêgita-bêgitu: êngg. pc. tandang lan polatane kasar dening muring.

bêglêdhug: kn. swaraning gunung gêni.

(bêgudul): di-[x] êngg. kn. dipoyoki, dicêngèsi.

(bêguguk): m-[x] (-ngutha waton) br. ora nggugu prentah, mbangkang.

bêgupon: kn. kandhang dara.

bêgog: êngg. kn. 1. cèlèng; 2. benggol (2½ sèn); 3. wong bodho; m-[x] pc: linggih mênêng bae.

(begogok): m-[x] kn. linggih ora lunga-lunga sarta ora obah-obah.

bêgok: kn. ar. manuk.

bêgondhal: kn. 1. ak. batur kang pagaweane ngêtutake (nuntun) jaran (kang ditunggangi); 2. pc. batur.

bêk: mak [x] pc. sanalika tiba.

bêkah: êngg. kn. bêtah, takad.

bêkah-bêkuh: kn. tansah mbêkuh (sêsambat).

bêkakak: kn. ak. kewan, wong lsp. sing dianggo sajèn; di-[x] êngg: dipanggang wutuhan (tmr. pitik lsp).

bêkakas: êngg. kn. 1. piranti-piranti, gêgaman (kang dianggo nyambut gawe); 2. perangan rêricikaning mêsin, jam lsp); 3. bêbakal kang arêp dianggo gawe omah lsp; 4. abrag, piranti praboting omah-omah.

bêkakrah: pating [x], m-[x] kn. pating blengkrah ora tata.

bêkakrakan: kn. 1 nywara pêtok-pêtok karo mrana-mrene (tmr. pitik kang arêp ngêndhog); 2. pc. bingung mrana-mrene nggêgolèki.

bêkamal: êngg. kn. (êndhog) asinan.

bêkaur: kn. ak. tukang nggarap buku dagang.

(bêkapak): m-[x] êngg. ak. kau, wagu, srogal-srogol.

bêkasakan: pc. dhêmit ing alas.

bêkasêm: êngg. kn. (êndhog, iwak) asinan.

bêkatul: kn. ak. glêpung glabating bêras.

bêkacêm: êngg. kn. (êndhog, iwak) asinan.

bêk-bêkan: pc. niba tangi (marga lara bangêt lsp).

(bêkèkèng, bêkèngkèng): di-[x] kn. 1. dicêkêli tangane (sikile swiwine) sarta dipênthang; 2. dicêkêl dilêbokake kunjara.

bêkèn: êngg. pc. misuwur.

(bêkèr): m-[x] kn. nywara sêru (tmr. jaran, kêthèk).

(bêkès): m-[x] kn. nywara sêntak (tmr. kucing); kc. bêkis.

(bêkècèk): m-[x] pc. sugih omong.

bêkêl: kn. 1. (ut. [x] desa) ak. wong kang ngurus sawah palêmahane lurah patuh; 2. ar. pangkat andhahane lurah; 3. êngg. sêsêbutaning lurah desa; 4. êngg. sêsêbutane lurahing padhukuhan.

(bêkêm): di-[x] êngg. pc. digêgêm rapêt.

--- 39 ---

bêkênêng ~ bêluk.

bêkênêng: pating [x], [x]-an êngg. kn. padha pêpadon, udur.

(bêkêngkêng): m-[x] pc. 1. kaku ora kêna diêluk (gêndewa lsp); 2. wangkod, nggugu karêpe dhewe.

(bêkêcêk): m-[x] kn. 1. nywara krênyês-krênyês tmr. gorengan; 2. sugih omong.

(bêkik): m-[x] kn. nywara sêru ngêgèt (marga nêpsu, kagèt lsp).

bêkikuk: kn. pitik turunane bêkisar karo pitik lumrah; m-[x](-i) êngg: wiwit bisa gunêman (tmr. bocah, menco), isih rada pelo, wiwit bisa kluruk (tmr. jago).

bêkingking: kn. ar. keyong cilik; m-[x] pc: kuru bangêt.

(bêkis): m-[x] kn. nywara sêntak (nelakake ora sênêng, muring).

bêkisar: kn. pitik turunane ayam alas karo pitik lumrah.

bêkita-bêkitu, bêkituan: êngg. kn. tandang lan polatane kasar dening muring.

(bêkicik): m-[x] kn. 1. nywara krênyês-krênyês tmr. lênga sing arêp dianggo nggêgorèng; 2. êngg. sugih padu; 3. êngg. nggadhung (tmr. main).

bêkicot: kn. bngs. keyong cilik sok manggon ing wit-witan.

(bêkiwit): m-[x] kn. ora barès (nakal, nggadhung ênggone main).

(bêkuh): m-[x] kn. ngêsah sêsambat.

(bêkuk): di-[x] kn. 1. ditêkuk dibêngkêlukake; 2. ditêkuk gulune; 3. pc. dicêkêl tmr. durjana lsp; di-[x]-i pc: diapusi (srana diakali).

(bêkunung): m-[x] êngg. pc. nggugu karêpe dhewe, wangkod.

bêkungkung: kn. pasangan macan (saèm. kurungan lawangane pêsatan).

(bêkur): m-[x] kn. muni wok-ketêkur (tmr. dara, dêruk lsp).

(bêkus): m-[x] pc. mbêkis.

(bêkusuk): m-[x] pc. katon irêng kusi ut. rêgêd bangêt.

(bêkok): m-[x] êngg. kn. 1. ala wujude (tmr. sapu lsp); 2. ora aji, ala bangêt.

bêkong: êngg. ak. 1. bêruk; 2. takêran (bêras, lenga lsp).

(bêkos): m-[x] kn. 1. nywara saèm, mbêkès nanging luwih sêru (tmr. sapi, ula lsp); 2. êngg. mbêkuh.

bêksa: ki(êngg. k). njogèd.

bêksan: kn. jogedan (saèm, wirèng).

(bêkta): k. gawa.

bêkti: kn. 1. (ut. pangabêkti, sêmbah-bêkti) br. pakurmatan (ing layang kiriman); 2. (ut. bêktèn) pawèwèh (dhuwit) katur marang lurah patuh ut. marang kang duwe palêmahan ing nalikane didadèkake bêkêl ut. nalikane ngulur prajanjiane; 3. sungkêm bangêt (marang bojone lsp); 4. êngg. pawèwèh marang lurah lsp. ing nalikane babad alas, mbêburu lsp.

bêktya: br. bêkti.

bêl: mak, [x] kn. sanalika murub (mubal, wrata tmr. ambu kang ora enak).

bêlah: I 1 kw. sigar; 2 kn. dianggo wilangan atêgês saparone atusan (ewon lsp), up. karo [x] (150), têlu [x] (250), kapat [x] (350), karo [x] èwu (1500), têlu [x] èwu (2500); 3. ukuran kèhing pari (½ gèdèng); di-[x] kw: disigar; di-[x]-i: dibêntèli sabêlah-bêlah. II. ut. bêlahan, pambêlah êngg. kn: juru misaya iwak ing sêgara.

bêlah-bantên: kn. ar. wanguning klambi (tmr. wong lanang).

bêlah-ina: br. pawadonan.

bêlah-kêdhaton: kn. ak. untune ngarêp (kang dhuwur) rênggang.

bêlak: (-ên) kn. lara padha mblêgak dlamakane.

bêlang: kn. 1. dlêmok (blêntong) putih ing kulit; 2. blêntong putih ing ulêsing kewan.

bêlang-buntal: (-buntèl, -buntang êngg) kn. ora tunggal warna (tmr. ulês lsp).

bêlas: pat-[x], nêm-[x] n. kawan-wêlas, nêmbêlas k. 14, 16.

bêlèh: I êngg. 1. ora; 2. seje, dudu; [x] iya pc: andak iya. II ut. bêlèhan, bêbêlèhan êngg. kn: manak. III di-[x] êngg. pc: disêmbêlèh, dipragat.

bêleyan, bêliyan: êngg. kn. manak.

bêlèk: êngg. ks. (wong-)wadon; di-[x] êngg dibêdhèl (dibêdhah) sêthithik. diiris sigar sêthithik.

(bêlèr): m-[x] kn. nggarit nganti nganakake tatu cilik.

bêlêk: kn. kêbak bangêt, akèh bangêt (wonge, pagaweane).

bêlêman, blêman: êngg. kn. bêdhiyang.

(bêlêr): m-[x] kn. 1. tansah klithihan ngglidhig bangêt (tmr. bocah); 2. êngg. mlincur, nglirwakake kawajiban (nyaur utang lsp); 3. tansah saba ing omah lan ngribêdi (tmr. pitik lsp).

bêlêt: I êngg. 1. kn. blêthok; 2 k. nila; 3. bêlo. II ke-[x] kn: sêlak arêp (nguyuh ut. bêbanyu).

bêli, bêlih: êngg. ora; kc. bêlèh.

bêlik: I kn. sêndhang cilik, tuk ing pinggir kali lsp. II ut. m-[x]-i kn: wis wiwit arêp ungsum (wowohan).

bêling: kn. 1. (dandanan kang asal saka) kaca, porsêlin; 2. pêcahan kaca (porsêlin lsp); m-[x]: 1 pc. angèl èlik-èlikane; 2. êngg. nekad mbangkang prentah.

bêlis: kn. setan.

bêlit: kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik; m-[x]: 1 ak. mbulêt, mulêt; 2. mlincur (ora tumandang ing gawe yèn ora ditunggoni ing mandhore lsp); 3. angèl tagih-tagihane (yèn utang).

bêluk: I êngg. kn. kêbul kukus (pêdhut). II. kn. ar. ama pari (bngs. ulêr). III ut. kokok-bêluk kn: ar. manuk bngs. guwêg; [x] ananjak pr: nggugu sasênênge dhewe. IV di-[x] êngg. kn: 1. diundang; 2. di V

--- 40 ---

m-[x] êngg. kn: 1. menggok, mingêr; 2. bali.

bêlung ~ bêncèt.

bêlung: êngg. kn. jêmbêg, banyune ngêndhong (tmr. sawah, palêmahan).

bêlo: kn. anak jaran; [x] mèlu seton p: mung mela-mèlu bae.

bêlok: I êngg. kn. 1. jêblog, jêmbêg rêgêd; 2. jembêr, pating blêntong rêgêd (tmr. dluwang lsp). II ut. [x]-an kn: kayu tangkêban ing têngah ana cluwokane dianggo njêpit sikil (supaya ora minggat); di-[x]: 1. ditrapi bêlok sikile; 2. dikunjara; [x]-an ak: kunjara.

bêlong: êngg. kn. (sawah) ngêndhong banyune; kc. balong.

bêlor: kn. têsmak (kang mawa warna).

bêm: kn. ar. larasing gamêlan (ut. kêndhang).

(bêmbêng): m-[x] kn. gêdhe gilig sarta wagu (wanguning sikil gajah, bangkekan lsp).

(bên): dipun-[x] k. didu, diêdu.

bêna: k. banjir.

(bênah): di-[x](-i) êngg. kn. dikukudi (tmr. dagangan).

(bênak): di-[x]-ake kn. ditata dibênêrake kaya sakawit.

bênampeyan: êngg. k. kowe; kc. sampeyan.

bênang: 1 kn. bolah; 2. k. ak. lawe.

bênang-kêlos: kn. bolah plintiran (wêton ngamanca).

bênang-mas: kn. saèm. kawat sing digawe êmas.

benangpeyan: êngg. k. kowe; kc. sampeyan.

bênawi: k. bêngawan.

bêndana: I kn saradan ut. watak ala (tmr. jaran). II (S) kw. ak: 1. tali, tampar, srimpêd; 2. pakewuh.

bêndara: 1. kw. wong kang dingèngèri, kb. batur; 2. kn. sêsêbutaning para darahing ratu sing isih luhur.

bêndera: kn gêndera.

bêndu: kw. dêduka, nêpsu.

(bêndung): di-[x] kn. dipepêti iline, ditambaki; [x]-an: 1. lêmah, watu lsp. kang dianggo mbêndung; 2. kali (banyu) kang dibêndung.

(bênjêt): di-[x] êngg. kn. djêmbèng, dicènèng ngiwa nêngên.

bênji: êngg. kn. ringkih bangêt, krasa aras-arasên.

bênjit: êngg. kn. gênjik.

bênjut: kn. mênyonyo ing êndhas (marga diantêm lsp).

bêndha: kn. ar. wit bngs. kluwih.

bêndhalungan: êngg. kn. gunêman kang ora bênêr ênggone ngêtrapake unggah-ungguh.

bêndhe: kn. ar. têtabuhan saèm. gong nanging cilik.

bêndhega: êngg. kn kanca barêngan lêlayaran, punggawa prau.

(bêndheyot): m-[x], [x]-an kn. kabotan gêgawan (gendhongan).

bêndhèk: êngg. kn. ngucapake têmbung Jawa kang swarane å diucapake miring.

bêndhèl: êngg. kn. juwèh sarta sênêng padu (tmr. wong wadon).

(bêndhèng): di-[x] êngg. kn. dijèrèng lan ditarik ngiwa nengên, dicènèng ngiwa nêngên.

(bêndhèt): di-[x] êngg. kn. diwêngakake sarana dibênggang.

bêndhêl:(-an) kn. bèndhêl, bèndhêlan.

bêndhuk: êngg. kn. cèlèng.

(bêndhul): m-[x] êngg. pc. nonong gêdhe; bêbêndhul bathara: jêjênggul.

bêndho: I kn. bngs. arit gêdhe; di-[x]: dibacok ing bêndho; ora m-[x] pc: ora usah kelangan dhuwit. II. êngg. kn: bêdho.

bêndhoyot: kn. ak. sanak-sêdulur, brayat.

(bêndhok): di-[x] êngg. kn. dibalang (ing watu).

(bêndhol): m-[x] kn. 1. mblêndhuk bundêr ing pucuke; 2. êngg. pc. gumêdhe, umuk; [x]-an êngg. kn: (pêndhok) gayaman.

bêndhosa: kn. kc. bandhosa.

bênèt: kn. lêmari cilik cêndhèk.

(bênêm): di-[x] kn. dibakar dilêbokake ing gêni blubukan.

bênêr: n. lêrês k. 1. êngg. lêncêng; 2. pênêr trêp ing; 3. ora salah, ora kliru, ora luput; 4. ora mèncèng (tmr. ênêr); 4. ak. têmênan (tmr. sêdulur); 5. mula pancèn nyata; (sa-)[x]-e: 1 sanyatane; 2. miturut adile; 3. pancène; m-[x] êngg.: têrus lêncêng; m-[x]-i: 1. br. nindakake prakara kang bênêr; 2. ngadili; 3. lagi pinuju; bêbênêran: 1. ak. pangadilan; 2. pêpancasaning pangadilan; ke-[x](-an): 1. kapinujon; 2. wis bênêr (ora salah).

bênik: kn. kancinging klambi lsp.

bêning: kn. ora buthêk (tmr. banyu lsp) ora mrêngut (tmr. polatan), ora kênthêl (tmr. wedang tèh lsp).

bêntayangan: kn. 1. ngolang-ngaling marga lara (susah); 2. pc. lunga mênyang ing êndi-êndi kanthi rêkasa (golèk butuh lsp).

bêntar: kw. ak. mlêkah, nêla, sigar.

bêntèl: kn. untingan pari kang mêntas didhaut, jagung lsp.

bêntèn: êngg. kn. sabuk.

bêntèr: êngg. kn. 1. kn. ak: padhang, pêntèr; 2. k. panas; [x]-an êngg. k: panas; [x]-an êngg. k: wedang.

bêntêt: kn. 1. trêp ora kurang (tmr. lawean, losinan lsp); 2. kêbak bangêt.

bêntil: êngg. kn. bêntèl; tani [x] pc: tani wutun (yutan).

bênting: êngg. kn. sabuk angkin; di-[x]-i; disabuki nganggo bênting.

bêntis: êngg. kn. pace.

bêntul: êngg. kn. bngs. kimpul.

(bêntur): di-[x]-(-i) kn. dibalangi ing watu; m-[x] tapa kw: nggêntur tapa.

(bêntus): m-[x] kn. natab ut. numbuk (sing kêna ing bathuke); ke-[x]: kêtatab ing.

(bêntoyong): m-[x] kn. akèh lan abot gêgawane.

bêntrokan: êngg. pc. tumbukan, kêrêngan.

bêncah: I kw. 1. nêla, mlêkah; 2. mluwèk (tmr. tatu); 3. ak. mati. II di-[x] êngg. kn: dibatang, dibadhe.

bênce: kn. gêmak lanang.

(bêncelung, bêncilung): di-[x] êngg. kn. diapusi.

bêncèt: I kn. ak. bngs. jam nganggo ancêr lakuning ayang-ayangan srêngenge. II di-[x] kn: dilawan ing nalikane kêtêmu padha ijèn ut. nalikane kêpêncil.

--- 41 ---

bêncêng ~ bêra.

bêncêng: kn. kaku, kêjêng (tmr. athik-athikan, sikil lsp).

bênci:êngg kn sêngit bangêt.

bêncirih: kn gampang kêna ing lêlara (tmr. wêtêng lsp).

bêncung: êngg. kn bocah jêmaka.

bêncuritan: êngg. kn lêlaranên, ora subur tuwuhe.

(bêncolèng): m-[x], [x]-an pc ugal-ugalan.

bênthak: I êngg. kn ngênthak-ênthak tanpa wit-witan kang gêdhe. II. kn. ak: èthèng nganggo watang, adu sungu.

(bênthang): m-[x] êngg. kn nrabas, nyidat.

bênthèng: êngg. kn sabuk, bênting.

bênthèt: kn rêngat, nggalêr, ngatarani arêp pêcah.

bênthêr: êngg. kn ar. iwak loh.

bênthik: êngg. kn 1. gathuk sarta nywara thik (tmr. bala pêcah lsp); 2. ar. dolanan.

bênthuk: ut. [x]-an, ke-[x] pc kebêntus, tumbukan.

bênthong: êngg. kn 1. pênthung dianggo dolanan bênhik (kanggo nuthuk lan mbuwang janak); 2. gêdhe; 3. benggol (2 sen); di-[x] êngg: dibêngkolang.

bênyènyèhên: kn tatu dadi gudhig ngêmu banyu.

bênyinyih: pating [x] kn kêbak gudhig lsp.

bênyunyak-bênyunyuk, bênyunyukan: pc ora nganggo tatakrama (tmr. solah tingkah, gunêman).

(bêngah): m-[x] kn nywara sêru (tmr. sapi).

bêngak-bêngok: kn tansah nywara sêru; kc. bêngkok.

bêngang: kn lara wadon (sipilis).

(bêngangah, bêngangang, bêngèngèng): m-[x] pc katon sumringah abang polatane.

(bêngèk): m-[x] êngg. pc mbêngok; di-bêbêngèk êngg. pc. dibêbeda (supaya nangis).

bêngèn: êngg biyèn.

bêngèn-bêngènan: n. dalon-dalonan k: ing wayah bêngi; kc. bêngi.

bêngèr-bêngèr: kn. cêngèr-cêngèr (bayi nangis).

bêngêl: êngg. kn. pilêg lan ngêlu.

bêngêng: êngg. kn. ora sigrak.

(bêngêngêng): m-[x] kn. nywara ngêngêng kc. brêngêngêng.

bêngêp: kn. katon kêpu (tmr. rai).

bênggang kn. mawa rênggangan (bolongan); di-[x]: dibiyak (dipisah) supaya bênggang.

(bênggèl, bênggol): m-[x] êngg. pc mbêndhol.

bêngi: n. dalu k. wayah antarane sore karo esuk.

bêngiyèn: êngg. kn. biyèn.

(bêngingèh): m-[x] kn. nywara sêru (tmr. jaran).

bêngis: kn. sêrêng sarta sumêngit (tmr. polatan lsp), ambêksiya bangêt.

bêngiwèn kw. biyèn.

bêngka kn. krasa atos (tmr. wêtêng).

bêngkah: kn sigar mblêgak (tmr. tembok, gunung lsp).

(bêngkayang): m-[x] êngg. kn atos (kaku) bangêt.

bêngkak: I kn 1. buntêlan lan talenan dhus, rèk lsp; 2. untingan barang sing cêndhak-cêndhak; di-[x]-i: dibuntêl lan ditalèni. II êngg. kn: abuh. III m-[x] êngg. ak: nywara sêru ngêgèt; [x]-an êngg: nabuh gêndèr digêmbyang.

bêngkalahi: êngg. kw kêrêngan, pêpadon.

bêngkêk: êngg. kn untingan; kc. bêngkak.

bêngkêlêng: sadina [x] pc sadina muput.

(bêngkêluk): m-[x] kn nêkuk ut bengkong pucuke; di-[x] (-ake): ditêkuk dibêngkukake.

bêngkêng: I pc 1. kaku, kêjêng; 2. wangkod, cukêng. II. êngg. kn: bngs. wuwu.

bêngkêr: êngg. kn blêngkêr.

bêngkêrêngan: êngg. kn kêrêngan, pêpadon.

(bêngkêrok): m-[x] kn pating pruntus lan rêgêd (tmr. kulit).

bêngkêt: êngg. kn untingan; kc. bêngkak, bêngkêk.

(bêngkiyêng): m-[x] kn 1. kêncêng (tmr. pawakan); 2. cilik nanging atos akiyêng (tmr. pawakan).

bêngkuk: kn wungkuk, bengkok mlêngkung.

bêngkung: I kn sabuk dawa diubêdake ing wêtêng lan bokong (tmr. wong mêntas duwe anak); di-[x]-i: disabuki ing bêngkung. II. ut. m-[x] kn: bengkong mbêngkêluk (tmr. gêgaman); di-[x]-ake: dibêngkêlukake.

bêngkoyok: (-ên) kn lara kulit saèm, gudhig êmplèk-êmplèkan.

bêngkok: kn sawah (têgal) pêpancèn marang lurah desa ut. prabot desa (minangka bayare).

(bêngkolang): di-[x] kn. ak dibalang ing kayu lsp.

(bêngkong): m-[x] êngg. kn mogok, êmoh nyambut gawe.

bêngkowang: êngg. kn bêsusu.

bêngkrèhan: êngg. kn cêcongkrahan, tukaran.

bêngkrik: êngg. pc pasulayan, congkrah.

bêngkring: kn kuru lêlaranên.

bêngle: kn ar. êmpon-êmpon dianggo tamba (jamu).

bênguk: kn bngs. kara.

(bêngung): m-[x] kn nywara ngungung (sêndarèn lsp).

bêngus-bêngus: pc putih rêgêd, pucêt rêgêd.

(bêngok): [x]- [x] kn nywara sêru jêlih-jêlih; m-[x] nywara sêru (ngundang, njaluk tulung lsp).

bêngong: êngg. kn mlongo, katon plonga-plongo.

bêr: mak, pc katêranganing mbuwang, nguncalake.

bêra: I kn ora ditanduri lan ora digarap (tmr. sawah, têgal); bêbêra: nggarap lan nanduri sawah (têgal) kang bêra; dibêrakake: diênêngake bae (ora ditanduri lan ora digarap); (bê-)bêran: palêmahan kang bêra.

--- 42 ---

II êngg.kn: mbêrah, akèh bangêt.

bêrah ~ bêsalèn

bêrah: I k buruh. II m-[x] êngg.kn. akèh bangêt.

bêrak: I êngg.kn buthuk (tmr. iwak). II kn. barakan (omah patirahane wong lara pès).

bêrak-bêrèk, bêrak-bêrok: êngg.kn bêngak-bêngok.

bêran, bêbêran: kn 1 lêmah kang bêra; 2 êngg. sawah darbèke wong siji-siji; kc. bêra.

bêras: n. wos k 1 pari kang wis ditutu; 2 kang wis dioncèki (tmr. jagung, kopi lsp); dudu [x]-e ditêmpurake pr: ngudhoni rêmbug kang nyulayani.

bêras-kêncur: n. wos-kêncur k: parêm kang digawe bêras karo kêncur.

bêras-kuning: kn bêras dikunir (dianggo sarat ngluwari ujar lsp).

bêras-mêlik: n. wos-mêlik k kn.ak: lara njêbêbêg wêtênge (marga mangan sêga magêl).

bêras-sêtêngah: êngg: sêtêngah matêng, bodho.

bêrat: (M) pc abot, rêkasa; [x] sêbêlah ([x] sêtêngah) pc: bot sih, pilih sih (ora adil).

(bêrbah): dipun [x] êngg.k dibrubuh.

bêrdangga: kw.ak gamêlan.

bêrduwin: kn.ak anggur kêras.

bêrdondi: êngg.kn pasulayan;kc.pradongdi.

bêrèd: kn rêsikan, bêsus bangêt.

bêrèk: I êngg.kn ora kedadean tuwuhe (tmr. tanduran). II [x]- [x] êngg.kn: bêngok-bêngok.

(bêrêg): di-[x] êngg.kn 1 diburu, dikuya-kuya (tmr. bêburon alas); 2 digusah; 3 diwêtokake saka ing kandhang arêp diêngon (tmr.raja-kaya).

bêrêk: êngg.kn buthuk wiwit bosok (tmr. iwak).

bêrêm: êngg.kn mêmbut ing jêrone (tmr.wowohan sing ditibakake).

bêrgada: kn golonganing prajurit.

(bêrgadag): m-[x] kn abang sêmu kuning (tmr. rambut, godhong lsp).

bêrgajagan, bêrgèjègan: êngg.kn nyak-nyakan kurang ajar.

(bêrgagah): m-[x] pc 1 mbêgagah; 2 nyanggêmi.

(bêrgandang): di-[x] pc diglandhang, diuja bae.

(bêrganjok): m-[x] êngg.pc ngewuhake (tmr.bêbudèn).

bêrgas: ut. m-[x] kn 1 katon sigrak; 2 katon bêcik.

bêrgasi, bêgasi: (W) kn 1 barang momotan (ing sêpur); 2 kantoran dianggo nampani barang momotan; 3 sêpur momotan barang.

(bêrgègèh): m-[x] pc rada mbêgagah.

(bêrgènggèng): m-[x] pc mbêgènggèng.

(bêrgigih): m-[x] pc 1 rada njangkah sêthithik; 2 ora pati rahab (ênggone tumandang).

(bêrgundung): m-[x] kn nekad nggugu karêpe dhewe.

(bêrgodog): di-[x] kn dipijêti lan diurut (tmr.awak).

(bêrgogok): m-[x] pc mbêgogok.

bêri: I kn.ak manuk garudha. II m-[x] êngg.pc: mbuwang kêrtu (tmr.main kêrtu lima).

(bêrik): m-[x] 1 (ut. [x]-an) tarung adu sungu (tmr.sapi, kêbo lsp); 2 êngg. ngoyak ngêtutake (mungsuh kang kêplayu).

bêring: êngg.kn 1 ambu kaya ambuning jengkol; 2 (jangkrik [x]) bngs. jangkrik kang bisa mabur.

bêrit: kn ar. tikus.

bêritan, buritan: êngg.kn kêbon.

bêrkah: kn pangèstu, pandonga;kc. barkah.

bêrkakas: êngg.pc: bêkakas.

bêrkas: (-an). êngg.kn untingan, bêngkakan.

(bêrkasak): m-[x] êngg.kn tumindak sarwa kasar kaya wong alasan; [x]-an: dhêmit kang dêdunung ing alas-alas.

bêrkat: kn 1 sêga salawuhane kang diwènèhake marang wong-wong kang padha mèlu slamêtan; 2 êngg.ak bêrkah; di-[x]: digawa mulih (tmr. bêrkat); [x]-an: 1 sêga salawuhane ênggone mbêrkat; 2 êngg.ak.sêkti (tmr. pusaka lsp).

(bêrkèngkèng): di-[x] pc dibêkèngkèng.

bêrkutut: pc pêrkutut.

(bêrkongkong): m-[x] êngg.kn linggih mbêgogok.

(bêrngangang, bêrngèngèng): m-[x] pc mbêngangang, mbêngèngèng.

bêrud: kn barud; kê-[x]: kêbarud.

(bêruh): mbêruh êngg.pc êmbuh ora wêruh.

bêruk: kn bathok diêlongi kira-kira sapratêlone (dianggo takêran bêras, wadhah banyu lsp).

(bêrung): m-[x] kn nekad ora nggugu dielikake.

(bêrod): m-[x] kn kumudu oncat (ucul), êmoh digondhèli.

bêrsat:, pating [x] kw padha pisah pating slêbar.

bêrsero: pc: bandan sêparo edhang.

(bêrsêlo): m-[x] pc wangkod, nggugu karêpe dhewe.

bêrsih: (M) pc: rêsik; di-[x]-i êngg: dirêsiki.

bêrsihan: kn wadhah prabot pirantining macak (wêdhak, pupur, lênga wangi lsp).

bêrsih-desa: n. bêrsih-dhusun k karamean lan slamêtan ing padesa sabên taun (lmr. gêgayutan karo kramatan lsp. ing desa ut. mbênêri dina adêging desa).

(bêrsot): m-[x] kn têrus ora pêrduli.

bêrcak: kn rada burik nanging ora jêro-jêro.

bêrci: I kn ar. bakal alus sêmu sumrawang (dianggo kuluk); kuluk bêrcèn: kuluk sing digawe bêrci. II kn: lobêrci.

bêrcuh, bêrcoh: êngg.kn 1 brancuh (campur ora karuan); 2 saru (tmr. gunêman).

bês: kn bis.

bêsa: pc ngjogêd;kc. bêksa.

bêsaja: êngg.ak pasaja.

bêsalèn: kn papaning pandhe nyambutgawe.

--- 43 ---

bêsan ~ bêcus.

bêsan: pc bêksan.

bêsaos: êngg.k bae.

bêsar: I kn ar. sasi Jawa kang karolas. II (M) êngg.kn: gêdhe;kc. tuwan bêsar.

bêsaran: I kn ar. wit sarta woh. II kn: 1 (ut.kêbêsaran) omah ut. kantore tuwan bêsar ing kabudidayan; 2 êngg. riyaya ing sasi Bêsar.

bêsasih, bêsasik:, pating [x] pating blengkrah ora tata.

(bêsat): m-[x] kn 1 oncat (mêncolot) rikat; 2 mêsat.

(bêseyol): m-[x] pc nyulayani.

(bêseyos): êngg.k.ak mung.

bêselat, bêsilat: êngg.kn 1 pêncak, tangkis-tangkisan tangan; 2 (ut. [x]-an[x]) pc.ngubêd-ubêdake gunêm.

bêsèn: kn ar. sukêt.

(bêsèr): m-[x] kn mbêlèr; kê-[x]: kêbêlèr.

bêsero: kn bandhan sêparo edhang.

(bêsèt): di-[x](-i) kn 1 disèsèti (kulite, godhonge lsp); 2 dibêdholi sukête (tmr. têgal têbu).

bêsêl: ut. bêbêsêl kn dhuwit rêruba (marang sêksi, panggêdhe lsp); di-[x](-i): diwènèhi bêsêl.

bêsêm: I kn katon alum ora sêgêr (tmr.kêmbang, woh, rai). II dipun-[x](-i) êngg.k: diobong.

bêsêngèk: kn ar. jangan.

(bêsêngut): m-[x] kn mrêngut (dening ora sênêng lsp).

bêsi: I kn basi.II tukang [x] kn: pandhe.

bêsiyar: (Prt)kn.ak mlaku-mlaku (nunggang jaran) ngenggar-enggar ati.

(bêsik): di-[x](-i) kn dirêsiki sarana dibubuti sukête, didhangir lsp.(tmr.pakarangan, tanduran lsp).

bêsilat: kn bêselat.

(bêsisik): m-[x] kn kasap pating jlêprik (tmr. kulit).

(bêsiwit): m-[x] êngg.pc nakal, urik (ênggone main, dolanan).

bêskal: (W) kn.ak ar. pangkat kapradatan.

bêskap, bêskat: kn ar. klambi wangune saèm. klambi jas cêkak.

(bêskup): di-[x] kn.ak disiwêr barang darbèke (marga utang, kalah prakaran lsp).

(bêskuwèl): di-[x] kn.ak dikirimi layang budhêg.

bêskuwit: kn ar. roti.

beskot: êngg.kn êmpingan bayaran.

(bêslah): di-[x] kn disiwêr barang darbèke, dirampas barang darbèke (up.bêdhil pêtêng lsp).

bêslit: (W) pc layang piagêm (têtêpan pangkat lsp).

(bêsmi): dipun-[x] k diobong.

bêsuk: êngg.kn palêmahan kêsasaban ing wêdhi ut. krikil saka ing gunung gêni.

bêsung: êngg.pc êmoh.

(bêsur): m-[x] kn mung nggugu karêpe dhewe (ora miturut pitutur, pêpacuh lsp).

bêsus: kn 1 sarwa rêsik lan bêcik (tmr. sandhangan, omah lsp); 2 sênêng macak (ngrêngga awak lsp).

bêsusu: kn ar. pala kêpêndhêm.

(bêsut): di-[x] kn 1 diêlus lan dilêmêsake nganggo lading (tmr. klobot lsp); 2 dislêtika; 3 ent. diowahi lan dibêcikake (tmr. crita, karangan, lsp).

bêsuwêl: kn (mak [x]) pc. sanalika ditêkuk disêsêlake; 2 êngg.pc. bêsêl; di-[x]-ake pc: ditêkuk (dilêmpit) mung diuntêl-untêl bae.

bêsole: kn ar. wit.

bêsona-bêsono, mbêsono: êngg.pc ora ngêrti tatakrama.

(bêsot): di-[x] kn dirêsiki sarana diluluh (disêmprot ing gêni) tmr. logam.

bêsprit: (W) kn congat ing canthiking prau.

(bêsta): dipun-[x] êngg.k: dibanda.

bêstèl: (W) kn 1 pc. têtuku barang dikon nêkakake ing omahe; 2 (ut. bêstèlan) barang kang dikirimake ing sêpur ut. pos; di-[x]-ake pc: dikirimake.

bêstik: (W) kn ar. lêlawuhan (iwak daging).

bêstu: kn.ak wis dipêsthèkake (ditêtêpake), kêlakon têmênan; di-[x] ak: ditêtêpake ing sadurunge.

bêstul, bêstol: kn. ak pistul.

(bêsturu): kabêsturon kn.ak lena, ora prayitna.

bêstru: kn ar. wit sarta woh.

bêstrong: kn.ak bngs. mriyêm cilik; [x]-an: amba (tmr. lêngênan klambi).

bêt: kn 1 katranganing nyawat lsp; 2 (mak[x]) êntèk sanalika.

(bêta): m-[x] pc.k nggawa.

bêtah: I kn 1 kuwat nganti suwe (tmr. mlaku, ngêlih, ngêlak, mêlèk lsp), bisa tahan (lara lsp); 2 êngg. krasan, jênak; 3 pc. ora lèrèn-lèrèn (tmr. udan); di-[x]- [x]-ake: dikuwat-kuwatake; pira [x]-an pc: apa bakal kuwat. II êngg.k; butuh.

bêtamal: pc bukti, cihna;kc. butamal.

bêtatung: kn bngs. sèt rupane irêng.

bêtèk: êngg.kn tilas, tipak; bêtèke êngg. pc: awit saka.

bêtutu: kn ingkung pitik sing wis dilolosi balunge.

bêtuwah: kn.ak pusaka, barang kang dipêpundhi (marga dianggêp duwe kasêktèn).

bêton: I kn isi nangka (kluwih). II (W) kn: carubaning sêmèn karo krikil (dianggo omah gêdhong lsp).

bêcècèr:, pating [x] kn padha kècèr (mawut), ora tumanja.

bêcik: n. sae k 1 ora ana cacade; 2 utama (tmr.bêbudèn, kalakuan); 3 ora ana owahe, slamêt; 4 ora pasulayan (tmr. bêbojoan, mêmitran); 5 endah (bagus, ayu); 6 asri, nyênêngake (tmr.pasawangan); 7 kukuh (tmr. gêgawean); 8 (ut. [x]-e) prayogane; [x]-e êngg: bêgja dene; bêbêcike: kang bêcik dhewe; dibêbêcik, di-[x]-i: 1 digawe bêcik; 2 dirêngkuh kalawan bêcik.

bêcici: kn bngs. gêdhang alasan.

bêcicing: kn woh gadhung kang ana ing dhuwur.

bêcus: êngg.pc bisa.

--- 44 ---

bêcokak ~ bikin.

bêcokak, bêcokakan: êngg.kn ugal-ugalan.

bêthak: 1 êngg.kn. nggodhog; 2 k. adang, ngliwêt.

bêthara, bêthari: pc bathara-bathari.

(bêthat): m-[x] kn.ak mbêdhal dadakan pisah saka ing panunggalane; [x]-an: ora ana udan sawêtara dina ing sajroning mangsa rêndhêng (ut. ngarêpake mangsa kêtiga).

bêthèk: kn pagêr pring (ing pakarangan lsp); di-[x](-i) ak: diukum diwirangake sarana dikurung ing bêthèk (supaya ditonton wong akèh).

bêthêk: êngg 1 kn. olah-olah, nggodhog; 2 k.adang, ngliwêt.

(bêthêng): kêbêthêngên êngg.kn kandhêg lakune dening udan.

(bêthêthêt): m-[x] pc kêncêng bangêt (ênggone nalèni), pêtêng bangêt (tmr. mêndhung), rapêt bangêt (ênggone ngurung); sawêngi m-[x] êngg. pc: sawêngi natas.

bêthik: kn ar. iwak loh.

bêthithing: kn cilik mêrit (tmr. bangkekan).

(bêthithit): m-[x] kn sarwa singsêt (ênggone ikêt-ikêtan, sabukan lsp), wis macak (dandan).

(bêthu):m-[x] kn bundêr gêmblêb (tmr. rai).

(bêthur): m-[x] êngg.kn ora gêlêm tumandang ing gawe (tmr. wong wadon).

bêthut: kn.ak cantholan dianggo nggarap kapuk.

(bêthuthut, bêthothot): m-[x] kn katon pêtêng (ulate).

bêthok: kn ar. iwak loh.

(bêthot): di-[x] kn ditarik sêru supaya uwal (pêdhot).

(bêwah): dipun-[x] êngg.k dibuwuh.

bi: êngg.pc 1 êmbok; 2 êmbok-cilik; kc.bibi.

bibal: êngg.kn dhidhal, thèthèl (tmr. kulit lsp).

bibar: k bubar.

bibas: êngg.pc êntèk;kc. bebas.

bibèk: êngg.pc êmbok-cilik;kc. bibi.

bibi: kn 1 êngg.ak. êmbok-cilik; 2 êngg.ak. kanggo panyêbut marang wong wadon sing isih ênom; 3 êmbok (panyêbute anak marang êmbokne, kang dadi sêliring priyayi luhur).

bibir: kw.ak: lambe.

bibis: kn. ar. kewan saèm. coro saba ing banyu.

bibisan kn. ar. têtuwuhan.

bibit: kn. 1 (ut. [x]-an) turunan (tmr. têtuwuhan, kewan); 2 wiji ut. thikilan kang arêp ditandur (ditangkar-tangkarake); 3 kewan (iwak lsp) kang arêp ditangkar-tangkarake; 4 (ut. [x]-an) êngg. babon êndhog-endhogan; 5 (ut. [x]-kawit) kang dadi mula-buka.

biblak: pc bêsèt, mlècèt (tmr. kulit).

bibliotik: (W) kn. pabukon (paklumpukane buku-buku).

bibrah: k. bubrah.

(bibrik): m-[x] êngg.pc. nglanjak pakarangan (palêmahaning) liyan saka sêthithik.

bidêngah, bidngah: (A) kn.ak. pêpenginan ala.

bijaksana: kw.ak. wicaksana.

bijang kw.ak. dhadha, pundhak.

biji kn. angka mratelakake ajining kapintêran (ing pamulangan, èksamênan); di-[x], dibijèni: diajèni nganggo angka.

(bijig) di-[x] kn. disodhok ing êndhas (sungu); [x]-an: gudag-gudagan.

bijil kn. rusak ut. mlêthis mêndêlo (tmr. mata lmr. kang sasisih).

bidhag: kn. wong-wongan ing dolanan catur.

bidhal: k: budhal.

bidhar: êngg.kn. ar. prau cilik (sing digawe dêlêging kayu).

(bidhung): di-[x] êngg.kn.ak. digodha, dirusuhi;kc.bedhung.

bidhur: kn. ar. lêlara kulit bintul-bintul gatêl; [x]-ên: nandhang lara bidhur.

bidho: kn. ar. manuk bngs. wulung.

bigar: kn. lincak-lincak sênêng-sênêng (bungah-bungah).

bihal: (A) kn.ak. anak jaran karo kuldi.

biya: (S) kw.ak. wêdi.

biya-biya: êngg.pc. wadhuh-wadhuh ! (gumun bangêt).

biyada: 1 êngg.kn. bocah wadon kang rewang wong duwe gawe; 2 kw. batur wadon ing kraton.

biyah: kn. iyah, iyak ! (nandhakake ora sênêng).

biyaya: êngg.pc. wragad.

(biyayah): m-[x] êngg.pc. pating blengkrah, ora karuan.

biyayak: pating [x], [x]-an êngg.kn. yabyaban, ora tata.

(biyak): di-[x] êngg.kn. dibukak tutupe (jarite, klambune lsp);kc. piyak, wiyak.

biyantu: êngg.kn. mupakat lan gêlêm têtulung; di-[x], dibiyantoni êngg: dirujuki lan ditulungi (direwangi).

biyang: kn. 1 êngg. biyung (êmbok); 2 êngg. kanggo sêbutane wong wadon kang asor; 3 (ut.biyung) sabawa mratelakake gumun, maido; 4 (ut. [x]- [x], biyung-biyung) pc. sabawa mratelakake wêlas lsp; biyangne (-bayi, -thole, -gêndhuk) êngg.ak: panyêluk marang bojone dhewe.

biyas: kn. pucêt dadakan (marga kagèt, isin).

biyasa: êngg.kn. 1 wis manuh (nindakake); 2 lumrah; biyasane êngg: adate, lumrahe.

biyèk: I êngg.pc. biyèn. II êngg.kn: jêmèk.

biyèn: n. rumiyin k. wêktu kang wis kêpungkur suwe;kb.besuk.

biyèt: êngg.pc. karcis lêngganan (sêpur).

(biyêt): m-[x] kn. akèh bangêt (wohe).

biyuh, biyuk: êngg.pc. wadhuh biyung ! (mratelakake gumun).

biyung: kn. 1 êngg.êmbok; 2 êngg.ak. sêbutan marang wong wadon kang asor; 3 pc. sabawa nelakake gumun, lara, wêlas lsp.

biyungên: êngg.kn. tansah kangên marang êmbokne (tmr. bocah cilik).

biyolah: kn. bngs. rêbab (mungsik).

biyoskup: (W) kn. gambar sorot.

bikak: k: bukak.

bikal: (-bikal) êngg.pc. pating jrentol gatêl (tmr. kulit).

bikang: kn. ar. panganan.

bikin: êngg.pc. gawe; di-[x] pc: dipaeka.

--- 45 ---

bikir ~ bismillah.

bikir: êngg.kn. gangsingan bathok.

biku: (S) kw.ak. pêndhita tapa;kc. wiku.

biku-biku: kn. pating jlêprik.

bikut: kn. ribut sêngkut tumandang.

biksu, biksuka: (S) ke.ak. pêndhita ngêmis; cs. 7.

bilahi, bilai: kn. cilaka, tiwas; mbilaèni: njalari cilaka (tiwas);kc. blai.

bilas: kn. 1 mindhoni adus (wisuh) nganggo banyu kang rêsik; 2 ak. wis êmoh gêpokan; di-[x]-i: dikumbah (didusi, diwasuh lsp) mênèh nganggo banyu kang rêsik.

(bilêr): m-[x] êngg.ks. turu.

bilih: k. 1 êngg. yèn, mênawa; 2 br.yèn.

bilik: êngg.kw. sênthong; [x]- [x] kw: pêpanthan gêgolongan.

bilis: êngg.kn. garuk.

(biluk): m-[x] êngg.kn. 1 ak. menggok; 2 bali.

bilulung: pating [x], [x]-an kn. (padha) lunga mênyang êndi-êndi ora karuwan jujuge (marga bingung lsp).

bilur: (-bilur) kn. tatu pinggêt nggalêr (marga disabêti lsp).

bilo: kn. lamur.

bima: (S) kw.ak.mêdèni, nggêgilani.

bima-sêkti: kn. ar. lintang.

bimana: (S) kw.ak. umuk, gumêdhe.

bimba: (S) kw.ak. rêca, pêpêthan.

bimbang: (ut. kêbimbang) kw. kuwur bingung (dening kêsêngsêm).

bina: (S) kw.ak. nggêgirisi bangêt.

binah: êngg.kn. bêbakal (omah, sandhangan lsp).

binandhung: kw. dirangkêp;kc.bandhung.

binantang, binatang: ks. kewan (dianggo pêpisuh).

bindi: kn.ak. gada, pênthung.

bindiwala: kw.ak. bngs. tumbak ditlorongake.

bindhêng: kn. yèn nywara grênggêng-grênggêng marga irunge cacad.

bintang: I kn. pêpêthan lintang êmas, slaka lsp. (minangka tandha kêtrima). II êngg.kn: lèngsèr kuningan (wadhah teko). III êngg.kn: 1 disêlang-sêling (up. diojong nuli dipèkèh); 2 digèrèd mênyang ing dharatan (tmr. prau).

bintangur: kn. ar. wit.

(binte): di-[x] ditêndhang kempole nganggo garês.

bintên: kn.ak. gênti mbinte (dolanan bocah).

bintêng:(-jae) kn. ar. panganan mut-mutan.

bintêr: êngg.pc. pintêr.

binting: êngg.kn. bèntèng, bètèng.

bintit: êngg.kn. pêndul tmr. mata (marga lara, mêntas nangis).

bintu: êngg.k. biru; mbintoni êngg.k: mbironi.

bintul: kn. mlêmpung (abuh sêthithik) tmr. kulit (marga dicokot lêmud lsp).

bintulu: kw. (polèng) biru.

bintur: êngg.kn. bngs. jêpitan dianggo golèk kêpithing.

(bincih): dipun-[x] êngg.k. dibiri (dikêbiri).

(bincil): di-[x]-i kn. dipêthèk sarana dipetungi nganggo krikil lsp (uga dianggo nyumurupi dina bêcik, bêja cilaka lsp); [x]-an: kawruh petungan (pêthèk).

bing: I (mbing) êngg.pc. mung. II (mbing) êngg.kn: kaprênah ing ...

bingah: k. bungah.

bingar: kn. katon padhang polatane (bungah).

bingèk, bingèn: êngg. biyèn.

binggêl: ki. gêlang.

(bingkas): di-[x] kw. disirnakake, dirampungi; kc. bengkas.

(bingkêm): dipun- [x] êngg. k. dibungkêm.

bingkil: (W) kn. papan dianggo nyambut gawe (tukang bêsi, tukang pit lsp).

(bingkrak): bêbingkrakan pc. royal-royalan, umuk-umukan.

binglêng: kw. judhêg bangêt (marga kedanan lsp).

bingung: kn. 1 kuwur atine ora mangêrti apa kang bakal dilakoni; 2 ora wêruh lor kidul; m-[x]-i(-ake): njalari bingung.

bipèt: (W) kn. 1 lêmari lan meja wadhah minuman lsp; 2 warung ombèn-ombèn (ing sêtatsiyun).

bir: I (W) kn. ar. minuman. II (mbir) êngg.kn. ing têmbing (sisih) ... ing pinggiring ...

birahi, birai: kn. umur-umuran ngangkat dhêmên marang (sandhang, wong wadon ut. wong lanang lsp).

birama: (S) kw. ak. nêngsêmake, endah.

birat: êngg.kn. ilang (wis rêsik); di-[x] êngg: diilangi, disirnakake, dirêsiki.

birawa: kw. kc. berawa.

biri, birèn: pc. kêbirèn; di-[x] pc: dikêbiri.

biring: kn. ar. dhapuring tumbak (tanpa luk).

(birid): m-[x], [x]-an êngg. kn. miturut ...; kc. pirid.

biru: kn. warna kaya dene warnaning langit; dibironi: ditembok ing malam wêdêlane (supaya yèn disoga ora katut abang); biron: jarit sing wis diwêdêl.

bis: I (W) kn. 1 pêthèn (lêmarèn) wadhah layang; 2 (montor x) montor tunggangan (digawe sewan).II (W) kn; blombongan wêsi (dalan banyu). III (W) pc: diambali manèh, sêpisan êngkas.

bisa: n. sagêd k. 1 kuwagang (kêconggah) nindakake (nglakoni, nggarap); 2 pintêr; 3 ora mokal (kêlakone).

bisae: (C) pc. ala.

bisala: (S) kw. ak. jêmbar.

bisana: (S) kw.ak. mêmédèni, susah.

bisaos: êngg. k. bae.

bisatya: (S) kw. ak. bangêt.

biseka: kw. jêjuluk; di- [x] kw: dijumênêngake ratu.

(bisik): [x]-[x] kn. gunêman lirih; di-[x]-i: dikandhani lirih-lirihan.

bisikan: kw. ênêng, jêjuluk.

bisit: êngg. pc. bisa.

biskal: kn. ak. bêskal.

biskucing: kn. ar.têtuwuhan.

biskuwit: (W) kn. ar. roti.

biskop: (W) kn. panggêdhening ngulama Kristên Katulik.

bismillah: (A) kn. atas asmaning Allah.

--- 46 ---

bisu ~ blak.

bisu: kn.ora bisa gunèman; m-[x] ora gunêman.

bisuwa: (S) kw. ak. sajèn.

bita: (S) kw.ak. wêdi. jirih.

biting: I kn. iratan pring kaya sada dianggo nyublês wungkusan (supaya ora udhar); di-[x]-i: dicublês dianjingake nganggo biting. II êngg.kn: bètèng.

bituwah: kn.ak. bêtuwah.

bicantên: êngg. kn. bicara.

bicara: êngg. kn gunêman, rêmbugan.

bithêt: kn. gèthèk tilas tatu (ing kulit).

bithi: kn. gêgêman tangan; di-[x]: diantêm, dijotos.

biwada: di-[x] kw. ak. disungga-sungga, diurmati.

biwara: kn.ak. (layang [x]) layang palapuran bab colong-jupuk kawènèhake marang kang kelangan diwênangake nggolèki.

byabya: kw.ak. lor kulon.

byah: mak [x][ kn. sanalika, pêcah.

byaya: (S) kw.ak. wragad.

byayah: êngg.kn. pating blengkrah, ora karuwan.

byayakan: kn. yab-yaban sarwa kêsusu; kc. biyayakan.

byak: mak [x] kn. sanalika sigar, mênga.

byak-byakan: kn. (nggêgolèki) sarwa kêsusu.

byamoha: (S) kw. ak. ngênglêng (kedanan).

byantara: (ing [x]) kw. ingarêpan (pasowanan).

byang-byangan: pc. tansah nyat-nyatan arêp lunga (saka ing omah).

byapaka: (S) kw.ak. 1 sumêbar wrata; 2 ngêrèh, nguwasani.

byapara: (S) kw.ak. kalakuan, pratingkah.

byapi: (S) kw.ak. isi, ngêmot.

byar: kn. 1 sanalika mênga (mêlèk); 2 sanalika padhang (katon); 3 sanalika buyar (bubar, pêpisahan: 4 (wayah [x], [x] esuk, [x] rahina) wayah esuk mbênêri srêngenge mlêthèk; ngêbyar: mêlèk têkan wayah esuk; [x]-[x]-an: lèk-lèkan ngêbyar.

byar-byur: kn. pêpindhan swaraning adus (nyirami).

byar-pêt: pc. gèk murub gèk mati (diyan lsp).

byasana: (S) kw. ak. bêbudèn ala, hawa napsu.

byat: nêmpuh [x] br. nêmpuh kanthi sêrêng; kabyatan kw: kabotan; kc. bwat.

byuha: (S) kw. ak. gêlaring baris.

byuk: mak [x] kn. (disokake) sanalika lan akèh, têka bêbarengan.

byuk-byukan: kn. bêbarêngan padha têka (wong akèh).

byung: mak [x] kn. sanalika mabur (lunga) bêbarêngan.

byung-byungan: kn. padha bêbarêngan mabur (têka, lunga) tmr. tawon lsp.

byur: I mak [x] kn. katêranganing ambyur ing banyu (nggrujug, lunga bêbarêngan, bubar bêbarêngan). II kn: ora nganggo kêcampuran liya (padha bakale), tanpa kêsêlan warna liya, up. putih [x].

byur-byuran: kn. ambyur-ambyuran ing banyu.

byoma, byomantara: (S) kw. ak: langit, awang-awang.

byor:kn. ak. sumorot padhang; kc. abyor.

blaba: kn. loma, sênêng wèwèh.

blabag:kn. 1 prejengan kayu pêsagèn tipis; 2 wêwêngkon kang dianggo, papan padunungan kang baku; 3 wong kang mbakoni; [x] tanêmên, [x]-an ak: têgal kang ditanduri têmbako; m-[x]: kaya blabag (atos tmr. wêtêng); ke- [x]: kêpokok, sing kêjibah.

blabak: kn. ar.têmbang têngahan; ke-[x] ak: kêblêbêg ing banyu.

blabar: I kn. 1 kênthêng (tali, kawat dianggo matêsi kalangan lsp); 2 êngg. tampar dipanthêng (dianggo ancêr-ancêr lakuning kewan bêburon, iwak lsp); di-[x](-i): 1 dikênthêngi ing kawat (tampar lsp); 2 didondomi tutus-kajang (mung diênggo cêngkorongan); 3 ak. dicêngkorongi dhisik (tmr. gêgawean, mbathik lsp); [x]-an: cêngkorongan. II m-[x] (-[x]) kn: mili mrana-mrana.

blabar-kawat: br. glanggang (paprangan).

(blabuk): di-[x]-ake êngg.kn. dikatutake ut. dipayokake (tmr. barang palsu).

blabur: kn. 1 êngg. banjir, mbludag mblabar-mblabar; 2 sarwa turah-turah akèh bangêt (tmr. pangan lsp); 3 pc. bawur, ora cêtha pandêlênge.

blad: (W) kn. 1 lêmbaran (dluang); 2 dluwang mawa garisan kandêl dianggo lambaran nulis kasasabake ing sangisore dluwang kang ditulisi banjur diturut garisane.

(bladêr): m-[x] êngg. kn. 1 pc. mblêdêr (rêgêd akèh uwuhe); 2 akèh bangêt (tmr. wowohan).

blajar: êngg. kn. ajar, sinau; [x]-an engg: 1 piwulang; 2 isih ajaran.

bladhah: kn. ak. ngêblak ora dialing-alingi: di-[x]: dibukaki aling-alinge (gêdhège lsp).

(bladhak): m-[x] kn. 1 nggiwar nyimpang saka ênêring laku (tmr. lakuning kreta, jaran lsp); 2 ent. laku ala (tmr. wong wadon).

(bladhêg): m-[x], [x]-an kn. têrusan bae (tanpa ganti).

bladhêr: ut. bladhêr kn. mawa êndhut rêgêd (tmr. tuk lsp).

bladhu: êngg. kn. êndhut kang katut ilining banyu.

bladho: (lintang [x] kn. êngg. lintang panjêr esuk.

bladhog: I êngg. ks. drêmba, ludhuk. II di-[x] êngg. kn: diplathok (kayu lsp).

blaèr: ut. [x]-an kn. tansah kumocor idune (arêp mutah).

blaès: pc. kêtiwasan kc. bilahi.

blag-blagan:mênga amba (ora ditutup).

blai: pc. cilaka, kêtiwasan; kc. bilahi.

(blayang): m-[x], [x]-an êngg. pc. lunga (saka ing omah) mênyang êndi-êndi tanpa jujug.

(blayu): m-[x] êngg. mlayu.

blak: I kn. dluwang gambar (dianggo pola bathikan lsp); di-[x]: dipola.

--- 47 ---

II mak [x] pc: katêranganing mênga amba lawang lsp); [x]-[x]-an pc: tanpa nganggo ditutupi.

blaka ~ (blèbèr).

blaka: kn. 1 walèh, kandha ing sabênêre; 2 êngg. pc. wantah, ora nganggo apa-apa; diblakakake: dikandhakake ing sabênêre, diwalèhake.

blaka-suta: kn. kandha ing sabênêre.

blaki: êngg. k. blaka.

blakin, blaking: kn.ak. tir.

blalak-blalak: kn. amba sarta katon bêning (tmr. mata).

(blalo): m-[x] kn. nekad êmoh ngrêmbug apa-apa (nggugu karêpe dhewe).

blanak: kn. ar. iwak loh saèm. bandêng.

blandar: kn. (balunganing omah) pring ut. kayu sangganing êmpyak.

blandaran: êngg. kn. balapan.

blandêr: (W) kn. tutup sumbu diyan (supaya padhang urube, ing diyan triom lsp).

(blandrêng): m-[x], [x]-an êngg. kn. têrusan bae tanpa lèrèn.

blanja: kn (ut. [x] pasar) dhuwit sêdiyan têtuku kabutuhan padinan; 2 têtuku barang-barang kabutuhan padinan; 3 dhuwit kang diwènèhake marang batur (anak lsp) dianggo jajan; 4 bayar (sasèn); di-[x]: diwènèhi blanja; diblanjakake: ditukokake kabutuhan padinan; blanjan: 1 kang dibayar ing dhuwit ora sawah lsap); 2 mbênêri mangsa bayaran.

(blandhang): m-[x] kn. mlayu bantêr bangêt.

blandhit: pating [x] kn. 1 ubêd-ubêdan ora karuwan (tumpang suh, ruwêt lsp); 2 pc. molah-malih sarta mingar-mingêr (gunêmane).

blandhong: kn. tukang nêgor kayu (ing alas); m-[x] êngg: nêgori kayu; [x]-an: babagan nêgor kayu ing alas-alas; 2 pakaryan kayu jati; 2 êngg. kayu glundhungan dikworoki (dianggo prau lsp).

blandhos: êngg. pc. bilahi.

(blanèt): m-[x] êngg.pc. katon bagus.

blantik: kn. bakul raja kaya ut. manuk, tukang ngêdolake raja-kaya (pc. uga barang-barang liyane).

(blancang): di-[x]-i êngg.kn.dicêgat arêp dicêkêl.

blang-blangan: pc. tansah lunga saka ing omah (tmr. wong wadon).

blang-blêng: pc. kêrêp mlêbu.

blanggrèng: kn. kêmbang kopi; m-[x] pc: katon gagah abagus.

blangkêmên: pc. kaya krasa kaku kumudu-kudu arêp gunêman ut. mêmangan.

(blangkêp): m-[x] êngg.kn. ngrangkêp.

blangko: kn. 1 layang klowongan kang kudu diisi (poswisêl lap); 2 êngg. layang palilah saka panggêdhe (bab mbêlèh raja-kaya, babad alas lsp); 3 pc. ora mèlu nyêtèm (milih ut. nêtêpake ing pakumpulan lsp); tukang [x] (-ikêt): tukang gawe ikêt blangkon; diblangkokake: 1 êngg. dijalukake layang palilah; 2 pc. digadhèkake mênyang pagadhean; 3 didandakake mênyang tukang blangko (tmr. ikêt); kc. blangkon.

blangkok: kn. slewah (tmr. ulês, warna).

blangkon: kn. ikêt kang wis ditata (diwiru lsp) sarta didondomi.

blangkrèh: pating [x] kn: têtumpukan ora tata.

blangsi: êngg. kn. goni wadhah gula pasir.

blau: (W) êngg. 1 biru; 2 bngs. nopal biru.

blaur: êngg. kn. nggugu karêpe dhewe.

blaos: pc. bilahi.

blarahan: êngg. kn. mambu ora enak (bosokan larahan lsp).

blarak: kn. godhong krambil.

(blarat): m-[x] êngg. ak. lunga minggat.

blarudan, blarutan: kn. nandhang kacilakan lan kasangsaran (dening pêgêblug, kêbanjitan lsp).

blarut: pating [x] kn. padha blarud-blarud.

blarongan: kn. mambu bangêr ora enak (kc. bathang lsp).

blas: kn. 1 sanalika lunga (ilang, mari); 2 êngg. babar-pisan; 3 êngg. êntèk babar-pisan; kc. bablas.

(blasah): m-[x] kn. padha sumèlèh ing lêmah (ora tata lan akèh).

(blasak): m-[x], [x]-an kn. mlaku nasak (ora ngambah ing dalan kang bênêr); ke-[x]: kêblasuk.

(blasar): m-[x] kn. 1 nasar, ora ngambah dalan kang bênêr; 2 ak. ora anjog ing (tmr. dalan); 3 (ut. [x]-an) ora tata ut. ora karuwan (panêmune, kalakuane).

blas-blus: pc. slundap-slundup.

(blasuk): di-[x]-ake kn. diklerokake dalane, disasarake; ke-[x]: klèru dalane, kêsasar, olèh apa-apa sing ala.

blastêr: kn. 1 turunan campuran seje jinis ut. seje bangsa; 2 êngg. turunan dara karo putêr.

blastin: êngg. pc. krikil ing ginjêl.

blatèr: kn. bisa srawungan karo sapa bae.

blatung: kn. 1 bngs. sèt; 2 êngg. anak kucing.

blacan: kn. bngs. macan cilik.

blacu: kn. mori mêntah.

blathok: êngg. kn. bngs. wadung.

blawah: êngg. kn. glondhongan kayu dilêgoki dianggo wêwadhah lsp; m-[x] 1 pc amba bolongane (tmr. kuali lsp); 2 (ut. [x]-an êngg. blabaran (lubèr nyrambahi mrana-mrana); 3 (sugih m-[x]) pc. sugih bangêt.

(blawan):( m-[x] êngg. kn. tandhing karo, babag; m-[x]-i, [x]-an êngg: tumandang rêrukunan; [x]-an pc: gunêman kasar-kasaran.

blawe, blawèh: êngg. kn. ora bisa (-kêna, -olèh).

blawu: êngg. kn. klawu sêmu biru; sêmèn [x]: sêmèn rupane klawu.

blawur: kn. ora têrang pandêlênge.

blawus: kn. 1 katon klawus rêgêd; 2 ulês kuning ut. abang sêmu irêng.

blawong: (ut. panjang [x]) êngg. kn: panjang gêdhe.

blèlèk: I ut. [x]-an kn: tipis lêlêmbaran (tmr. têmbaga, êmas lsp). II m-[x] êngg.kn: mili ngiwa nêngên (tmr. barang cuwèr, mangsi, ditètèsake lsp).

(blèbèr): m-[x] êngg. pc. mblabar.

--- 48 ---

blèdru ~ (blêkathêk).

blèdru: êngg.ak. pasulayan.

(blèjèd): di-[x]-i kn. 1 diuculi sandhangane (diwudani); 2 ent. dijupuki barang darbèke kabèh.

blèg: (W) kn. 1 blebekan wêsi tipis (dianggo dandanan); 2 wadhah lênga lsp (kang digawe blèg).

blèkèn: êngg.pc. wantahan;kc. blaka.

(blela): m-[x] kn. mbangkang prentah, ngraman.

blelu: êngg.kn. bodho;kc. blilu.

blèndèr: êngg.kn. kayu bulugan lsp. dianggo sanggan balok lsp. kang disodhokake (supaya gampang); m-[x], [x]-an êngg: 1 ngglundhung mlèsèd; 2 gunêman plèsèdan; 3 ora kêna diugêmi gunême; 4 laku ngiwa (tmr. wong wadon); di-[x]-ake êngg: dilembatake marang liyan (tmr. wêwênang lsp).

blendrang: kn. ar. lêlawuhan.

(blendre): m-[x] kn. 1 mletre, mlèsèd; 2 ora kêna diprêcaya.

(blenja): mblenjani kn. ora nuhoni ênggone sêmayan.

(blèndhêr, blêndhêr): m-[x] kn. lêmu bangêt (sarta wêtênge gêdhe).

blendho: êngg.pc. blondho.

(blendhot): m-[x] êngg.kn. 1 lêmês ora kukuh; 2 ora nêtêpi jangji.

blencong: kn. diyan nganggo tèdhèng dianggo madhangi wayang (digantung sangarêping kêlir).

blence: êngg.pc. wantahan;kc.blèkèn.

blengah-blengah: êngg.kn. kuning sarta sumèh nyênêngake (tmr. pasêmoning praèn).

(blèngèr): m-[x] kn. katon abang awaras (tmr. lambe, pasêmon).

blèngkèt: kn. 1 êngg. cakêt karo, rakêt; 2 pc. rakêt bangêt (ênggone mêmitran, sih-sinihan); di-[x](-ake): digamblokake dadi siji (tmr.desa lsp).

blengkrah: pating [x] kn. pating jlêmpah ora tata; di-[x]-i: didhudhahi diudhal-udhal.

blepot: êngg.kn. rêgêd glumut, gluput.

blerang, blèrèng: êngg.kn. lorèk-lorèk.

blere: kn. gampang ngguyu (kêrêp ngguya-ngguyu).

blèrèk: I êngg.pc. blirik. II di-[x] êngg.pc: dibèrèk.

blèrèng: êngg.kn. lorèk-lorèk.

blero: kn. 1 campur larase ut. ora bênêr larase (tmr. swara); 2 pc. yèn ndêdêlêng katon dumpyuk; 3 pc. bingung ênggone arêp milih.

blècèn: êngg. pc. blèkèn.

blewah: pêndhok [x] kn. pêndhok sing ing buri mênga, kb. pêndhok bunton.

(blèwèh): m-[x] kn. mênga amba (tmr. cangkêm, bolongan lsp); [x]-an: 1 bolongan; 2 cluwokan nggalur (dianggo ilèn-ilèn banyu).

blêbah: kn. 1 dêrês bangêt (tmr. udan ing mangsa rêndhêng); 2 ([x] panenan) êngg.pc.mangsa murah pari (bêras) marga ing êndi-êndi mbênêri panèn.

blêbêd: kn. mori lsp. kang dianggo nggodhi; di-[x]: digodhi lan diubêd-ubêdi ing gombal, mori lsp.

blêbêk: kn. pêpindhaning swaraning apa-apa sing disilêmake ing banyu; di-[x] pc: diombèni akèh bangêt; di-[x]-ake pc: disilêmake ing banyu.

blêbêr: pating [x] kn. padha mabur (lunga lsp) mênyang êndi-êndi.

blêbês: I kn. garisan gèpèng dawa (piranti tukang batu, panênunan lsp). II mak [x] kn: katêranganing amblês ing banyu.III m-[x] kn: ora gampang kobong (kayu têlês lsp); apês m-[x] pc: apêse.

(blêdag): pc. 1 mbludag (loma bangêt); 2 umuk bangêt.

(blêdêr): m-[x] êngg.kn. rêgêd bangêt dening akèh uwuhe lsp.

(blêdig): di-[x] kn. dioyak arêp dicêkêl.

blêdug: kn. 1 lêbu kang katut ing angin; 2 ([x]-ing nêgara) ak.bayar wuwuhan (kanggo wragad lêlungan tmr. priyayi pangrèh praja); 3 pc. pamêtu kang dudu pokok; 4 ak.anak gajah.

blêjat-blêjêt: kn. capêt-capêt.

blêjêd: pc. wantahan, babar-pisan up. kosok-bali [x]; wuda m-[x]: wuda babar-pisan (tanpa awêr-awêr).

(blêjog): di-[x] kn. dikandhani (dijaluki, ditakoni) kanthi dadakan; [x]-an: dadakan, ora nganggo antal-antalan.

(blêdhag): m-[x] kn. mblêgag, bênthèt (nêla) amba.

blêdhèk: kn. 1 kaanan ing awang-awang awujud gêbyaring gêni sarta swara kêdadean saka èlèktris ing mêndhung; 2 (godhong [x]) ak. godhong jarak (yèn arêp dianggo têtamba).

(blêdhèh): m-[x] kn. 1 dhadha ut. wêtênge katon (tmr. klambèn lsp); 2 kêmba lan cêbêlèh rasane (up. iwak sing wis wayu).

(blêdhêk): m-[x] kn. ora bisa atos kêsêt (tmr. bata, bêras lsp).

blêdhêng: pc. katêranganing mlêbu.

blêdhês: kn. katêranganing nyilêm ing banyu; di-[x]-ake: dilêbokake (disilêmake) ing banyu lsp.

blêdhu: êngg.kn. êndhut, blêthok; kc.pladhu.

blêdhug: I êngg.kn. êmbêl, blêthok, êndhut. II m-[x], mblêdhog êngg.kn: njêbluk, njêblos (kanthi swara sêru); [x]-an, blêdhogan êngg: mêrcon long.

(blêdhos): m-[x] kn. (pêcah) njêblug tmr. mêrcon lsp.

blêg: kn. 1 (mak [x]) swaraning barang antêp tiba; 2 êngg. dina patine ...; 3 pc. padha plêk; 4 pc. byur (tmr. warna); di-[x]-i: ditibani ing watu lsp.

(blêgag): m-[x] kn. bênthèt (nêla lsp) amba.

(blêgêdhêg): m-[x] kn. nywara sarta umob (tmr. jênang digodhog lsp); alas [x]-an pc: alas gêdhe.

blêgêdhir: êngg.ak. pangarêping prajurit.

blêgêr: kn. jênggoronging wujud ut. wêwangunan.

(blêgidhig): m-[x]-i êngg.kn. njêlèhi.

(blêgug, blêgog): m-[x] êngg.pc. lêmu bangêt.

blêkak-blêkuk: kn. ora tètèh sarta mondhag-mandhêg (tmr. gunêman).

(blêkathêk, blêkêthêk): m-[x] kn. rêgêd bangêt (ora dikumbah lsp).

--- 49 ---

(blêkênêk) ~ (blubuk).

(blêkênêk): m-[x] kn. mêthuthuk jêmèk (njijiki).

blêkêtepe: kn. nam-naman blarak dianggo payon, aling-aling lsp.

blêkêtupuk: kn ar. manuk bngs. guwêg.

blêkêcêk: kn buthêk sarta umob (tmr. lênga digodhog lsp); m-[x]: katon rêgêd bangêt (tmr. banyu, kalèn lsp).

blêkuk: pating [x] padha blêkak-blêkuk gunêmane.

blêkuthak: kn. ar. iwak loh.

(blêkuthuk): m-[x] kn. 1 mbuwal sarta nywara (tmr. wedang umob lsp); 2 êngg. goroh.

blêkok: kn. ar. manuk bngs. kuntul.

blêman: êngg.kn. gêni blubukan; kc. bêlêman.

blêmbên: kn. bngs. sukêt godhonge dawa-dawa.

(blêmbêng): m-[x] êngg.kn. bulug gêdhe.

blêndok: I kn. tlutuhing wit kang ngyiyit rupane sêmu abang. II di-[x], ut. diblêndog êngg.kn: ditêrka, didakwa, ditakoni dadakan.

blênjat: pating [x], [x]-an êngg.kn. ora urut, ora kalawan tata lêlarikan.

(blênjog): di-[x] êngg.kn. diblêjog, didakwa dadakan.

(blêndhang): m-[x] pc. gêdhe marga akèh isine (tmr. wêtêng).

(blêndhing): m-[x] kn. 1 njêmbluk ing isor (tmr. wêtêng); 2 ks.mêtêng.

(blêndhuk): m-[x] kn. 1 gêdhe jêmbluk (tmr. wêtêng); 2 gêdhe ing têngah (tmr. gêndul lsp); 3 ks.warêg, mêtêng.

blêndhung: êngg.kn. agung pipilan digodhog.

blêndhong: êngg.kn. benggol (2½ sèn).

blênêk: [x]- [x], m-[x] pc. gêdhe lêmu (sarta cêndhèk).

blêntèng-blêntèng: kn. 1 pating dlêmok; 2 pc. rada bisa, rada eling.

blênto: êngg.kn. 1 palson (tmr. dhuwit, slaka lsp); 2 ala (tmr. gêgaman landhêp); di-[x] êngg.pc: 1 disêdul barang palsu; 2 êngg.ditêrka sing ora nyata.

blêntong: kn. dlêmok (ent. cacad).

(blêncung): m-[x] êngg.pc. mlaku tanpa nolèh-nolèh.

blênthot: kn. kiyêng sarta kêncêng (tmr. tawakan).

blênyak-blênyak: kn. ora gancar, ora urut, ora ajêg.

(blênyèk): m-[x] êngg.kn. mlênyèk.

blênyik: kn. iwak têri kang diasin lan diglindhingi.

blêng: I mak[x] kn. sanalika mlêbu; ngêblêng: nglakoni ora mangan lan ora ngombe. II kn: (banyu [x]) banyu kang ngêmot uyah; di-[x]: dikum (dicêncêm) ing banyu blêng.

(blêngêr): [x]- [x], m-[x] kn. unêg-unêgên (marga mambu kang ora enak).

blênggi: kn. plisiran bênang mas; klambi blênggèn: klambi mawa plisiran bênang mas.

blênggu: kn. gêlangan wêsi (kayu) dianggo mbêlok tangan.

blêngkêr: kn. wêngkuning rodha, tong, tenggok lsp; pating [x], m-[x]: ngringkuk (marga wêdi, kadhêmên), nêkuk nyêngkuwêr.

blêngkik: pating [x] pc. têtêkukan ora karu-karuan.

(blêngkuk): m-[x] kn. mbêngkuk (tmr. linggih lsp); bengkong nêkuk (tmr. paku lsp); di-[x]-ake: ditêkuk dibêngkukake.

blêngur: kn. anak banyak.

(blêrêk): m-[x] êngg.kn. mblêrêt.

blêrêng: kn. ora bisa ndêlêng cêtha marga kêsorotan; m-[x]-i: 1 njalari blêrêng; 2 ent. mêdèni (marga sugih, luhur).

(blêrêt): m-[x] kn. suda padhange, kurang padhang; di-[x]-ake: dikurangi padhange (tmr. lampu, diyan lsp).

blês: kn. katêranganing amblês, nyublês, nyilêm lsp.

blêsak: êngg.kn. ala.

blêsak-blêsêk: pc. kêrêp bangêt ênggone nglêbokake.

blêsar: pating [x] kn. pating slêbar, ora ngumpul.

blêsêk: mak [x] pc. mak blês; m-[x] kn: amblês nunjêm ing; di-[x]-ake: dilêbokake ing (lêmah, êndhut lsp).

blêthok: kn. lêmah jêmèk lumèr.

blibar: kn. pêntil manggis (manggis ênom).

blibuk: di-[x] kn.ak. diapusi, diblithuk.

bligang-bligung:mbligung pc. wuda mblêjêt.

bligo: kn. ar. woh bngs. waluh.

bligon: kn. 1 bundêr lonjong; 2 êngg. sapi lsp blastêran.

bliyar-bliyar: ut. bliyar-bliyur kn. rêmêng-rêmêng pandêlênge (marga ngantuk bangêt).

(bliyut): m-[x] kn. ngantuk bangêt.

bliyo: kn.ak. panggêdhening pulisi.

blikon: santri [x] pc.ak. santri kang ora nglakoni salat.

blila: êngg.kn. ngraman, mbangkang.

blilêt: êngg.k. blilu.

blilu: kn. bodho (durung mangêrti); [x] tau (pintêr durung nglakoni) pr: sênadyan durung mangêrti nanging wis bisa nindakake; m-[x]: 1 mbodho; 2 êngg. ak. ngapusi.

blimbing: kn. ar. wit sarta wohe; [x]-an: mawa lingir luwih saka papat (tmr. garisan lsp).

(blindrik): m-[x] êngg. pc. ayu bangêt.

blindhis: kn. 1 tanpa rambut ut. tanpa wulu; 2 êngg. wuda mblêjêt; 3 pc. êntèk kabèh bandhane (sandhangane).

(blingêr): ke-[x] kn. kliru, kêsasar pikirane.

blirik: (-blirik) kn. irêng kaworan trutul-trutul putih (tmr. ulêsing pitik lsp).

(blithing): m-[x] êngg. kn. mlincur, kêsèd.

(blithuk): di-[x] kn. diapusi, dipalsu sarana apus.

bliwur: kn. ak. 1 bawur (pandêlênge); 2 bingung atine.

(blubud): m-[x] êngg. kn. nekad ora duwe isin.

(blubuk): m-[x], [x]ian kn. lêmbut mbludhuk (tmr. lêmah, awu); di-[x](-ake)

--- 50 ---

êngg. kn: diblibuk, diblithuk; gêni [x]-an: gêni mawa campur karo awu.

(blubur) ~ blorok.

(blubur): m-[x] êngg. kn. êmpuk sarta gampang ajure (tmr. kapur, gril lsp).

(blubus): m-[x] êngg. kn. tanpa nganggo isin (mèlu kêndurèn lsp).

(bludag): m-[x] kn. 1 mbuwal, lubèr banjur wutah; 2 sugih umbag; 3 loma bangêt.

bludêr: kn. ar. roti.

(bludir): di-[x] kn. ditrapi gambar kêkêmbangan lsp. nganggo bênang mas lsp; [x]-an: bludru lsp. kang dibludir.

bludru: kn. ar. bakal (cita alus mawa wulu).

(bluju): m-[x] kn. 1 ak. gilig dawa ora karuan bongkot pucuke; 2 barès (tanpa nganggo rêrênggan, kêris lsp).

(bludhuk): m-[x] êngg. kn. lêmbut sarta ora kêmpêl (tmr. lêmah); [x]-an êngg; 1 lêmah kang mbludhuk; 2 lêmbutan; 3 blubukan.

(bludhus): m-[x] kn. 1 nlusup mlêbu (tanpa diulêmi, tanpa diundang lsp); 2 mblubut.

blung: kn. 1 katêranganing barang kang tiba; 2 êngg. pc. turu (têtêmbunganing bocah cilik).

blui: êngg. pc. kunjara.

blukang: êngg. kn. bongkok (bongkoting papah krambil).

(blukèk): m-[x], [x]-an kn. mutah-mutah (sabakdane mangan).

blukèran: êngg. pc. kumudu-kudu mutah.

(blungkok): m-[x] êngg. pc. mukok, mutah.

bluluk: kn. pêntil krambil.

bluluk lupa: kn. ak. bluluk kang wis gogrog.

blumbang: kn. 1 jugangan gêdhe isi banyu; 2 (ut. [x]-an siwakan êngg.) jugangan gêdhe isi banyu dianggo ngingu iwak; [x]-an ikêt (kêmbên) kang bathikane mung turut pinggir.

(blunat): m-[x] êngg. kn. ndhugal, kurang ajar.

blundrah, blundrèh: êngg. kn. rêgêd pating dlêmok.

(blunthah): m-[x] êngg. kn. royal (sênêng nglakoni maksiyat).

blung: kn. pêpindhan swaraning barang kêcêmplung ing banyu.

blungkang: êngg. kn. 1 sigaran tabon krambil; 2 bongkok; kc. blukang.

blungkêr: êngg. kn. nêkuk njêngkêrut; kc. bungkêr.

blura-bluru: êngg. kn. bubar pating blêsar.

(blurut): m-[x] kn. nyênyolong ing omah ing wayah awan (sore).

blus: I mak [x] kn. sanalika nancêp (tmr. dom lsp). II êngg. kn: klambi rangkêpan (ing klambi jas bukak).

blusak: êngg. kn. kasur.

blusak-blusuk: kn. mlêbu ingêndi-êndi (sêmu murang tata).

(blusuk): m-[x] kn. mlêbu ing; di-[x]-ake: 1 diblêsêkake (dilêbokake) ing êndhut lsp; 2 ent. diloropake; 3 dipayokake (tmr. dhuwit palsu, barang sing ala lsp).

bluthak: kn. ar. iwak loh.

bluthèh: kn. ak. kuthah, rêgêd kêcipratan.

bluwak-bluwêk: kn. bola-bali mlêbu, kêrêp ênggone ngêmplok lsp.

bluwèn: êngg. kn. kunjara.

bluwèran: kn. kumudu-kudu mutah.

bluwêk: mak[x] pc. sanalika mlêbu ing bolongan; [x]-an êngg: bolongan ing lêmah, wokan.

(bluwêr): m-[x] kn. 1 gêgupak ing blêthokan; 2 jêblog akèh blêthoke (tmr. dalan); 3 êngg. awangun mlêngkung bundêr.

bluwi: êngg. kn. kunjara; di-[x] êngg: dikunjara.

bluwus: kn. katon rêgêd sarta wis lawas (tmr. sandhangan); m-[x]: mênganggo sandhangan sing wis lawas.

blobok: kn. rêrêgêding mata; m-[x]: tansah mêtu bloboke (marga lara lsp).

(blobor): m-[x] kn. 1 mili pating jlèbrèt (tmr. mangsi ing dluwang, malam ing lawon); 2 (ut. [x]-an) nyêmbèrèt (tmr. bathikan, tulisan mangsi lsp); 3 êngg. mblubur.

(blobos): m-[x] êngg. kn. mbrobos.

(blojod): di-[x]-i kn. diblèjèdi.

blodhog: kn. ar. iwak loh.

blog: I kn. pêpindhan swaraning barang tiba, nggablog lsp.II: (W) kn. 1 pêpanthan peranganing palêmahan (sawah, omah); 2 (ut. emblog) gulungan wilanganing mori (sêmbagi lsp).

blog-blogan: (ut. êmblog-êmblogan) pc. pating dlêmok.

blokèng: êngg. kn. blukang, blungkang.

blolok: êngg. kn. blolok; kêtonjok [x] pr: nyatur uwong sing dicatur ana; [x]-ên: ora wêruh marga blêrêng; m-[x] mblêrêngi.

(blombong): m-[x] êngg. kn. bolong amba; [x]-an êngg: bolongan amba, urung-urung ut. pipa dalan banyu kang amba.

(blondor): êngg.pc. kc. blèndèr, blondrok, blondrong.

(blondrok): di-[x]-ake êngg. kn. diblondrongake.

(blondrong): di-[x]-ake kn. disasarake, diloropake; ke-[x] kn: kêblasuk, kêlorop.

blondho: kn. kênthêlaning santên kang diklêntik.

blondhos: êngg. kn. blindhis, plonthos.

(blondhot): m-[x] êngg: 1 ngyiyid, jêmèk; 2 mblenjani kasaguhane.

blonthang-blonthang:nganggo dlêmok putih (tmr. ulês).

(blonyo): di-[x] kn. diusar-usari parêm, borèh lsp. awake sakojur.

blonyoh: nangka [x] kn. nangka sing nyamplungane mlênyèk; di-[x] êngg. diblonyo.

blong: kn. bolong njêmblong.

blongor-blongor: kn. katon sêgêr kawarasan (tmr. bocah lsp).

blongsong: kn. 1 ulês ut. krakab (êmas, sutra lsp. rêrêngganing kêris); 2 êngg. brongsong; 3 êngg ar. lurik tênunan nganggo dislundhingi sutra.

blorok: kn. saèm. blirik nanging gêdhe corake (tmr. ulêsing pitik).

--- 51 ---

blorong ~ budhêng.

blorong: êngg. kn. lorèk-lorèk irêng karo putih.

blos: kn. katêranganing bolong, nyoblos lsp.

(blosok): m-[x]-ake êngg.kn. dislorogake mlêbu.

blosong: pc. blongsong.

(blothong): m-[x] êngg.kn. mblotrong.

(blotrong): m-[x] kn. gêdhe kang ngisor (tmr. wêtêng).

blocok: (-an) kn. bathikane ora cêtha (tmr. jarit lsp).

blothong: kn. êndhêg-êndhêging lênga kacang lsp. sok dianggo rabuk; [x] uyah êngg: ar. rabuk yasan.

(blowok): kê-[x] êngg. kn. 1 kêcêmplung ing wokan; 2 kêblasuk, kêblondrong (ênggone têtuku lsp).

bu: pc. 1 wc. ibu; 2 wc. babu.

(bubak): di-[x] kn. dibabadi lan digarap didadèkake têgal lsp (tmr. alas); 2 dipaculi (digarap) tmr. palêmahan sing durung tau ditanduri.

bubak-kawah: kn. 1 sarat (bêras kuning, dhuwit lsp) diênggo nêmokake pangantèn jaka-lara; 2 mantu kang kawitan.

bubar: n. bibar k. 1 (ut. [x]-an) padha pêpisahan (tmr. mêmitran, pangantèn anyar), buyar pêpisahan (tmr. prajurit); 2 wis rampung (tmr. tontonan, pamulangan, wong mantu lsp); 3 (ut. sa-[x]-ing) sarampunge, sawise; di-[x]-ake; dikon padha bubar.

bubar-lahan: ([x] lêlahan, [x] nglahan) kn. ora ana tumanjane (tanpa woh).

bubat: êngg. kn. rambut buntut jaran.

bubu: êngg. kn. wuwu.

(bubuh): I di-[x] pc. diwuwuhi, ditumpa-tumpa (kasusahan lsp). II. di-[x][-i n. dipunbêbahi k. dibagèhi (dipasrahi) nindakake pagawean; [x]-an: pagawean lsp, sing dikon nindakake.

bubuk: kn. 1 dheplokan kang wis lêmbut (kêdhêle lsp); 2 ([x] kopi) kopi sing wis digorèng lan didhêplok lêmbut; 3 (wedang [x]) wedang kopi; 4 ar. kewan bngs. tètèr (sok ngrusak kayu); [x] olèh êlèng pr: duwe niyat ala olèh dalan; di-[x] (-i): didhêplok lêmbut; [x]-an: apa-apa sing dibubuk; [x]-ên: 1 dipangan ing bubuk (tmr. kayu); 2 (ut. bubuk êngg.) ora payu laki (tmr. prawan).

bubul: kn. 1 bngs. lara pathèk kang thukul ing tungkak (dlamakan); 2 êngg. thikilan pongge; suwasa [x]: swasa sing ala (bisa tainên); m-[x] ak. ora kêtara marga lawas (tmr. tulisan lsp); 2 jênang.

bubus: kn. ar. lêlawuhan sing digawe godhong lumbu.

bubut: I kn. ar. manuk. II di-[x](-i) kn: didudut lan dibêdhol (tmr. sukêt, rambut, jenggot lsp). III di-[x] kn: diêlus lan diwangun sarana diubêngake sarta disisrik (tmr. kayu, wêsi lsp); [x]-an: 1 piranti dianggo mbubut; 2 apa-apa sing dibubut.

bubrah: n. bibrah k. 1 rusak sarta padha copot (tmr. piranti-piranti); 2 ilang tatane (tmr. pranatan, barisan, pikiran); di-[x](-ake): 1 dirusak (tmr. dandanan omah lsp); 2 diowahi ut. disuwak (tmr. tatanan, pranatan lsp).

bubruk: ptj. 1 ora payu (tmr. dagangan); 2 ora payu laki (tmr. prawan).

buda: (S) kw. 1 ak. ar lintang planit (Mercurius); 2 dina Rêbo; 3 kn. ar. agama yasane Sang Buda Gotama; 4 kn. kang kagolong ing jaman kuna (sadurunge Islam), up. sastra [x].

budaya: kw. budi, nalar, panêmu, angên-angên; kabudayan kn: babaring nalar-pambudining manungsa maujud kagunan, kapintêran, kawruh lsp.

buda-cêmêngan: kw. Rêbo Wage.

budi: kn. 1 nalar, pikiran (kang ginawe nggêgayuh, golèk reka lsp); 2 (ut. m-[x])gudi nggêgolèki, ngrancang golèk reka (srana), mikir; 3 br. migunakake nalare; 4 caraning pamikir; 5 watak; 6 polah arêp oncat, ora manut; ngulir [x] br: golèk reka-daya; bêbudèn: wêwatakan.

budi-arda: kw. pêpenginan.

budidaya: kw. reka ut. sarana kang digawe nggayuh (nindakake); di-[x] kw: direka lan diudi; kc. kabudidayan.

budiman: (S) kw. pintêr (sugih pamikir)

buja: (S) kw. bau (lêngên, tangan); cs. 2.

bujad: kn. rusak pisah-pisah saka athi-athikane (sêsambungane) tmr. kurungan lsp; di-[x]-i: 1 dirusak kaya kang kasêbut; 2 ak. dicopot, dilèrèni.

bujaga: (S) kw. ak. ula; cs. 8.

bujana: kw. pista mangan enak.

bujang: kn. 1 êngg. jêjaka (ora duwe pomahan ing desa): 2 (ut. [x]-an) êngg. buruhing wong tani; 3 ak. buruh, kuli.

bujangga: (S) kw. 1 pujangga (wong pintêr babagan basa ut. kasusastran); 2 ak. ula.

bujêl: kn. papak, tanpa pucuk (tmr. driji lsp).

(bujêng): dipun-[x] k. diburu.

bujidên: kw. engg. bajang (ora bisa gêdhe tmr. badan).

bujil: kw. engg. kc. bujidên.

bujug-bêsèt, bujug-bujug: engg. toblas-toblas! (mratelakake gumun bangêt).

bujuk: kn. pangapus; di-[x]: dirimuk, ditawani têmbung manis supaya kèlu.

bujul: êngg. kn. bngs. wluku; kc. brujul.

bujung: I êngg. k. godhong têbu. II êngg. k: buru

bujur: (-an) êngg. kn. 1 gombal; 2 (kanggo ngasorake) sandhangan.

budhak: kn. batur tukon.

budhal: n. bidhal k. mangkat (bêbarêngan wong akèh); di-[x](-i): dicopoti (tmr. nam-naman), dijupuki diwêtokake (tmr. barang-baranging omah): di-[x]-ake: diangkatake bêbarêngan.

budhêg: kn. 1 rusak pangrungune (ora bisa ngrungokake); 2 ora bêning suwarane (tmr. gamêlan, dhuwit lsp.); 3 pc. palsu (tmr. dhuwit); 4 êngg. bodho bangêt.

budhêl: (W) pc. barang-barang warisan.

budhêng: kn. 1 êngg. bodho, ora lantip: 2 êngg. lutung; 3 ora cumêngkling (tmr.

--- 52 ---

dhuwit); 4 (layang [x], -budhêg) layang tanpa tèkên (ngêmu rasa nacad, ngala-ala lsp.).

budhug ~ bumbu.

budhug: kn. lara leprah (lmr. ing sikil): [x]-ên: nandhang lara leprah.

budhug-mumuk: pc. doyan mangan lan doyan turu.

budhur: êngg. kn. lêgèn.

bug: kn. katêrangan swaraning barang tiba lsp.

bugêl: kn. ak. 1 tumpêr (tugêlan kayu sing wis diobong sêthithik); 2 ak. wong bodho; nyugokake [x] kayu sêmpu pr: ngajokake wong bodho.

buh: I êngg. kn. jêmpo. II (mbuh) kn: 1 ora wêruh; 2 ora kawruhan. III (W) pc: plêngkungan.

bui: pc. kunjara.

(buya): ka-[x]-[x] kw. dioyak-oyak.

buyan: pc. edan, gêndhêng.

buyar: kn. pating slêbar mrana-mrana.

buyuk: êngg. kn. wit nipah.

buyung: êngg. kn. klênthing, jun.

buyut: kn. 1 (ut. putu [x]) anaking putu; 2 (ut. êmbah [x]) wong-tuwane êmbah; 3 kw. lurah ut. têtuwane padhukuhan; 4 êngg. jaratan: [x]-ên: ndhrêdhêg thêk-thêkan amarga wis tuwa; satru bêbuyutan: satru wit kuna-mula (turun-tumurun); k-[x]-an kw: 1 panggonaning para pêndhita: 2 sanggar pamujan.

buk: I kn. 1 sah-sahan (panagih lan panyaure padha); 2 êngg. pc. ora tuna (kalah) ora bathi (mênang); 3 pc. ora duwe apa-apa (ora ana); ora [x] pc: ora sêthithik, ora kurang: di-[x]-ake: dikurupake supaya sah, digawe buk; [x]-[x] êngg. pc: ora tuna (kalah) ora bathi (mênang). II urung-urung banyu kang nrajang dalan lsp. III (W) kn: buku (cathêtan lsp.); klêbu ing [x] pc: ditulisi (dicathêti alane, dipetung); ora ngêbuk ora ngêpèn pc: ora bisa maca ora bisa nulis.

buka: I kn. mangan (tmr. wong kang pasa). II bêbuka kn: 1 ak. wiwitan, jalaran; 2 pêpucuking katêrangan ing layang; di-[x] kw: diwêngakake; dibukani: 1 kw. diwiwiti saka; 2 diwiwiti nêmbang (tmr. gêndhing): kc. buka.

bukak: n. bikak. 1 wis mênga ut. wis diwêngakake (tmr. lawang, kantor, toko lsp.); 2 ora ditutup, up. [x] topi; 3 êngg. dicopot (dilèrèni ênggone cêkêl gawe); di-[x]: 1 diwêngakake: 2 diwêngakake kêna diliwati, dilêboni lsp. (tmr. krêtêg, dalan, toko, kantor lsp); 3 dicopot (tmr. topi, tudhung lsp); 4 dibiyak (tmr. layang, buku, sandhangan lsp); 5 dicopot (dilèrèni nggone nyêkêl gawe); 6 ut. di-[x]-i) dirucati (sandhangane, pakeyane tmr. jaran); 7 diwêdharake (tmr. wêwadi); [x]-an ut. [x]: 1 mênga, kêna dibukak lan ditutup (tmr. klambi, lsp); 2 wis dibukak (ora ditutup); 3 wis dibabadi (tmr. palêmahan, alas); 4 kang wis dicopot (dilèrèni).

bukak-kunci: êngg. kn. dhuwit minangka opahane wong kang tunggu kuburan (nyewakake lsp).

bukakundur, bukasari: kw. ak. mêkutha, tropong.

bukên: (-an) êngg. kn. turun-tumurun dumunung ing.

bukêt: êngg. kn. 1 ak. buthêk; 2 êngg. ak. kênthêl (tmr. jangan); 3 êngg. ora bêning (polatane).

buki: kn. 1 ak. mlinjo tuwa; 2 ak. kêtuwan, wis tuwa (ora apik).

buku: (W) kn. 1 layang (lmr. cap-capan lan dijilid); 2 layang cathêtan; dibukani: dicathêti.

(bukuh): sila ma-[x] kw. sila tumungkul kanthi tata.

bukung: kn. ora nganggo buntut (tmr. manuk, pitik lsp); di-[x]-i: dikêthok buntute (tmr. pitik lsp).

bukur: kn. bngs kêrang.

bukti: 1 kw. pangan, mangan; 2 (ut. cihna-bukti) kn. barang-barang kang ginawe pasêksèn, tandha yêkti, 3 kn: ak. bêkti; dibuktèkake: diwèhi katêrangan minangka pasêksèn; kê-[x]: têtela kaluputane dening wis kasumurupan buktine.

bul, bol: êngg. kn. jêmbangan gêdhe (dianggo gawe nila lsp).

bul:mak[x] kn. sanalika murub (mabul).

bula: bulah êngg. kn. 1 seje; 2 mênawa yèn.

bulak: ut. bêbulak kn. patêgalan jêmbar tanpa wit-witan lan adoh desa.

bulan: êngg. pc. sasi.

bule: kn. putih pakulitane marga lêlara.

bulêk, bulês: êngg. kn. mulêk njalari sêsêk (tmr. kêbul).

bulêt: êngg. kn. bundêr gilig; m-[x]: 1 (ut. bêbulêtan) êngg. ak. nggubêd; 2 (ut. m-[x]-ake êngg) ngingar-ingêrake rêmbug (prakara, pêpadon).

buli:(-buli) êngg. kn. ak. bngs. jun cilik.

bulu: kn. ar. wit.

bulu-bêkti: kw. pisungsung minangka pajêg (tandhaning sungkêm).

bulu-bulu: kn. 1 wulu kanggo cundhuk (ing topi lsp); 2 êngg. pc. sulak (kêbut wulu).

bulud: êngg. kn. trêp (ora kurang ora luwih).

bulug: kn. bundêr gilig (cêndhak lan gêdhe).

buluk: ut. bulug êngg. kn. rêgêd dening kêbak blêdug; 2 (ut. bulukên) jamurên.

bulus: kn. ar. kewan rumangkang bngs. pênyu nanging ana ing dharatan (dudu ing sêgara).

bulsak: (W) kn. kasur.

bum: (W) kn. 1 wêsi (kayu) dawa cacadaning kreta; 2 kantor ing palabuhan, pabeyan.

bumandhala: (S) kw. jagat, bumi.

bumbu: kn. 1 jantuning olah-olahan (kc. trasi, uyah lsp), adon-adoning mbakar ut. mbathik (kyt. soga, tingi, malam lsp); 2 pc. wuwuh-wuwuhan (murih

--- 53 ---

rame lsp); dibumboni: 1 dijantoni, didèkèki bumbu; 2 diwuwuh-wuwuhi (supaya saya agawe rame lsp); bumbon (-crakèn): bakul dodol bumbu jamu.

bumbung ~ bungis.

bumbung: kn. kêthokan pring saêros ut. luwih (dianggo wêwadhah lsp); [x] wung-wang: bumbung bontos pucuke bolong; m-[x] ut. mbrumbung êngg: mêtêng têrusan (tanpa lêt nggarap sari); [x]-an 1 awangun bundêr gilig kaya bumbung; 2 peranganing suwêng kang dilêbokake ing bolongan pasuwêngan.

bumi: (S) kn. 1 jagat (kb. langit); 2 lêmah, palêmahan; 3 ak. bageaning pagawean; wong [x] n. tiyang siti k: wong kang asal (dêdunung) ing sawijining panggonan; bêdhah [x]: dhuwit minangka opahane gawe kluwat; [x] pinêndhêm pr: andhap asor bangêt; malik [x] pr: mbalik ngiloni mungsuh; bumèn êngg: sawah darbèke wong akèh.

buminata, bumipala, bumipati: (S) kw. ratu.

bumitala: (S) kw. dhasaring bumi.

bumpêt: êngg. kn. buntu.

bun: I kn. banyu sing pating prênthul ing gêgodhongan, pasukêtan lsp (ing wayah esuk); adhang-adhang tètèsing [x] pr: ngarêp-arêp kabêgjan (sih) kang durung karuwan; di-[x]-[x]-ake: diwêtokake ana ing jaba ing wayah esuk. II kn. ak: bngs. cêpukan cilik.

bunar: ut. mbunari êngg. kn. ak. blêrêng.

bundêr: kn. 1 awangun kaya wanguning bal ut. cakram; 2 pc. wis golong rêmbuge, wis têtêp niyate.

bundhas: ut. babak bundhas kn. babak sarta èmu.

bundhat: êngg. pc. pundhat.

bundhêl: kn. 1 (ut. m-[x] mawa sindhêtan ing pucuke (tmr. tali, kolor lsp); 2 êngg. sèwu iji (tmr. wilangan jagung, têmbako); 3 tangkêp ulêt-ulêtan (tmr. kupu lap); 4 (ut. bêbundhêl) ak. pinituwa ing padesan; 5 pc. rakêt bangêt (ênggone mêmitran); di-[x]-i: 1 ditalèni disindhêt pucuke (tmr. tali lsp); 2 dilêbokake ing padoning kacu lsp. banjur disindhêt; 3 ent. dianggit sajroning ati, diantêpi (tmr. piwulang lsp); [x]-an: 1 sindhêtan kang dibundhêli; 2 pc. simpênan (dhuwit, kawruh lsp); 3 pc. sêmayan.

bundhêt: kn. ruwêt tmr. rambut, bolah lsp.

bundhu: kn. ak. bodho (ora bisa ngudhoni rêmbug).

bunèn: êngg. kn. papan pamepean pari ing sawah.

bunêk: êngg. kn. krasa sumpêk bangêt (kaya ana ing sênthongan kang ciyut); 2 krasa sêdhih bangêt, ora bingar.

bunêl: kn. susah sarta bingung atine, ora bingar.

bunuh: ut. bunoh (-atine) êngg. bingung, kuwur.

bunuh dhiri: (M) pc. nglalu.

buntak: kn. ar. iwak loh.

buntal: kn. rentengan gêgodhongan ut. kêmbang warna-warna dianggo rêrênggan.

buntala: kw. bumi, lêmah; kc. buntala.

buntar: kn. ak. bongkotimg landheyan tumbak; 2 pungkasaning wuwungan; 3 (ut. [x]-an) êngg. dumunung ing pungkasan ilèn-ilèning banyu (tmr. sawah); di-[x]: disodhog nganggo buntaran tumbak.

buntas: kn. 1 êntèk -êntèkaning dalan lsp; 2 tutug ing pungkasan; 3 ak. wis rampung (ênggone sinau, ngudi ngèlmu lsp); 4 bantas (tmr. swara).

buntêk: kn. cêndhak nanging gêdhe.

buntêl: kn. 1 êngg. kacu; 2 apa-apa sing dianggo mbungkus; di-[x]-(i): diblêbêd lan dicakup ing kacu lsp.

buntêl-kadut: kn. kabèh wis kêcakup (buruhan tanpa ingon).

buntêl-mayid: kn. 1 ana wulune sêlap putih (tmr. prêkutut); 2 ana tilase klokopan klika kang putih (tmr. kayu).

buntêt: kn. 1 buntu, ora bolong; 2 (ut. [x]-an ak. ora nggronggong (tmr. sungu lsp); di-[x]-i: ditutupi supaya buntêt.

(bunting): m-[x] kn. mênggik, cilik (tmr. bangkekan).

buntit: êngg. kn. pating prênthêl saèm. brintik.

buntu: kn. 1 ora bolong têrus (tmr. blombongan), pantog (ora têrus tmr. dalan); 2 êngg. pc. buntêt; 3 ganêp ora kurang tmr. wilangan, dhuwit lsp; 4 ora nganggo cowokan tmr. ngijolake dhuwit; 5 ak. wis rampung tmr. sêdya, garapan; 6 pc. judhêg pikire; dibuntoni: 1 dipampêti (tmr. bolongan lsp); 2 (ut. di-[x]) diganêpake (tmr. wilangan, dhuwit rêrêgan lsp).

buntul: êngg. kn. ragil.

buntung: kn. tugêl sikile ut. buntute; gêrèh [x] kang diilangi êndhase; klambi [x]: klambi tugêl lêngêne.

buntut: kn. 1 perangan angganing kewan têrusane balung ula-ula; 2 êngg. prakara kang nusuli; m-[x] ak: tutburi.

buntut-urang: kn. rambut ing githok.

(buncang): di-[x] êngg. kn. dibuwang (dikentasake) adoh.

bunci: kn. petunganing wong main pèi (ajine nêlu-las); klêbu [x] pc: klêbu pilihan (kagolong bêcik).

buncing: êngg. kn. ragil.

buncis, boncis: kn. bngs. kara.

buncit: kn.1 kang kari dhewe; 2 ragil.

buncur: kn. tatu ing bathuk (êndhas) marga kêtatab lsp.

bunyak: ut. babak bunyak kn. tatu nglècèp kulite.

bung: kn. thikilan pring (pênjalin, alang-alang lsp).

bungah: n. bingah k. sênêng bangêt (dening diwènèhi, olèh kasênêngan lsp); bêbungah: 1 pawèwèh; 2 opahan, bayaran; 3 ak. anakan; m-[x]-i: bungah kang kêladuk.

bungas, bêbungas: kn. ak. wakêd, buntasan.

bungbang: kw. ak. bolong; kc. wungwang.

bungêng: êngg. kn. 1 kropos (tmr. tela lsp); 2 judhêg bangêt.

bunggan: êngg. kn. kc. bonggan.

bungis: kn. ak. congor babi (cèlèng); di-[x] ak: (diukum) diiris lambene.

--- 54 ---

bungkah ~ (busêk).

bungkah: kw. pok, dhasar, sikiling gunung.

bungkak: kn. 1 (lêri [x]) lêri kang sapisanan; 2 ak. ora bêning (tmr. swara); 3 wuwung ing moloning omah joglo; 4 êngg. berag, bungah.

(bungkar): di-[x] kn. 1 didhudhahi (tmr. momotan, kothak lsp); 2 dirombak (tmr. omah), dicopoti (tmr. mêsin lsp); kc. bongkar.

(bungkêm): di-[x] kn. 1 ditutupi cangkême nganggo tangan supaya ora bisa gunêman; 2 pc. diwènèhi ruba.

bungkêr: kn. 1 mlungkêr ora bisa mundhak gêdhe (tmr. têtuwuhan, wowohan lsp); 2 êngg. pc. mêntah, rada gêndhêng.

bungkik: kn. cilik (ora bisa mundhak gêdhe tmr. wowohan, bocah).

bungkil: kn. 1 êmplèng-êmplèngan ampas kacang lsp (sawise dijupuk lêngane); 2 (ut. [x]-an êngg. bongkotan (pring, wit gêdhang).

bungkuk: kn. wungkuk; m-[x]: mbêngkêluk gêgêre.

bungkul: kn. 1 pênthol ing gamparan (têkên, garan payung lsp); 2 wilangan ing bawang (kapas).

bungkus: kn. 1 (ut. [x]-an) buntêlan (nganggo dluwang tmr. têh, rèk lsp); 2 (ut. lair [x]) bayi lair kabuntêl ing kêndhangan; di-[x] (i): dibuntêli nganggo dluwang.

bungkrah: ut. bungkrah-bangkrèh êngg. pc. pating blangkrèh, rusak pating bêsasik.

bungkrèk: êngg. kn. 1 bngs. bungkil; 2 ak. lêlara gudhig, pathèk lsp.

bungkruh: êngg. pc. kuru sarta ringkih (kêrêp lêlaranên).

bungkrung: êngg. pc. bungkuk.

bunglon: kn. bngs. kadhal kang saba ing wit-witan (bisa molah malih warnane); m-[x] pc: molah-malih patrape (kaantêpane).

bungur: kn. 1 januring irung (jaran, kêbo lsp); 2 ar. kêmbang.

bungsu: kw. ragil.

bupala: (S) kw. ratu.

bupati: (S). 1 kw. ratu; 2 kn. panggêdhe pribumi ing tlatah paresidhenan ut. asistèn -rêsidhènan; 3 ar. pangkat sangisoring nayaka (ing tanah Kêjawan).

bupatos: êngg. k. bupati.

bur: I kn. 1 êngg. muspra tanpa tanja (tmr. wragad lsp), ilang; 2 wis ilang ora kêna ditêbus tmr. gadhèn; [x[-[x]-an: barang gadhèn sing wis bur; kc. abur, lêbur. II (W) kn: jara (piranti dianggo nguncêki, gawe bolongan lsp).

burak: I êngg. kn. bubrah; di-[x] êngg: 1 dibubrah; 2 digusah (tmr. manuk kang saba ing tanduran). II (A) kn. ak: jaran arai wong.

burakrakan: êngg. kn. rusak bubrah (pating blangkrèh).

buras: kn. lêlaraning kulit wujud blêntong putih.

burat: (-sari, -wangi) kw. borèh.

burbuwah: (S) kw. 1 ak. bumi lan awang-awang; sirna, rusak.

burdir: kn. bludir.

burêk: êngg. kn. ora cêtha, burêng.

burêng: kn. 1 ora bêning (tmr. gêdhah, pangilon); 2 (ut. burêm). êngg. pc. surêm (tmr. rêmbulan), bruwêt (tmr. pandêlêng); 3 êngg. ak. ora cêtha (tmr. tulisan, gambaran).; 4 êngg. pêtêng tmr. prakara; main [x] pc: nekad ora prêduli apa-apa.

burhan: (A) kn. ak. tandha yêkti, minangka katêrangan.

buri: n. wingking k. 1 (ing [x]) sisih ut. ênêr sing diungkurake, kb. (ing) arêp; 2 perangan kang kari; 3 (ut. [x] omah) pakarangan ing pungkuraning omah; 4. (ut. [x]-[x], têmbe [x]) ing têmbe, besuk; 5 (ut. [x]-[x], pamburine n. pawingkingipun). ing sabakdane, ing besuke; 6 (ut. wong [x]) êngg. wong desa kang ora duwe wêwênang lan ora dikudokake nindakake pakaryan kaya panunggalane; kanca [x] êngg: bojo (somah); putra saka [x]: putra saka sêlir; mêtu [x] pc: silip.

burik: kn. lêkik-lêkik ing rai tilas lara cacar.

buritan: êngg. kn. 1 perangan kang buri; 2 pakarangan buri omah.

bur manuk: kn. ak. lunga ut. alihan tanpa nggêgawa apa-apa.

buru: I êngg. kn. mêntas bae, lagi bae. II m-[x], mbêburu n. mbujêng, mbêbujêng k: 1 mbêbêdhag kewan ana ing alas; 2 pc. ngoyak; 3 br. njangka marang; 4 êngg. mung murih bêcike (kang dipindêng ngêmungake bêcike, kaanane lsp); up. m-[x] sênêng; ke-[x]-[x]: 1 êngg. kêsusu; 2 br. kêtula-tula, tansah sangsara; buron alas: kewan-kewan ing alas; bêburon: 1 kewan-kewan (kang diburu); 2 pc. wong kang diubêr ing nêgara.

buruh: n. bêrah k. 1 (ut. wong [x] wong kang ngalap opah sarana nyambut gawe; 2 (ut. bêburuh) nyambut gawe sarana opahan (dadi kongkonan lsp); di-[x]-ake: dikon nandangi marang buruh, diopahake marang buruh; [x]-an: opahan marang buruh.

buruh-sawah: (-tani) kn. wong sing buruh nênandur.

buruk: kn. ar. lêlaraning pitik.

burukan: kn. mêmangsaning kewan galak.

burus: kn. 1 tanpa cacad (tanpa soca lsp. tmr.kayu); 2 têmên lan bêcik (tmr. bêbudèn).

buron: n. bujêngan k. kc. buru.

burcèt: kn. ar. manuk bngs. trinil.

bus: kn. pêpindhaning swara wêtuning kêbul, uwab lsp.

(busak): di-[x] êngg. kn. dibusêk.

busalèn: kn. ak. bêsalèn.

busana: 1 kw. rêrênggan, sandhangan; 2 êngg. ki. dandan, sandhangan; dibusanani: 1 dirêngga, disandhangi; 2 êngg. ki. didandani (dianggon-anggoni).

busèt: êngg. kn. 1 munyuk; 2 sabawa mratelakake gumun.

(busêk): di-[x] kn. dibubrah tmr. tulisan ing blabag lsp; [x]-an: bubaran uyêk-uyêkan.

--- 55 ---

busik ~ bobrok.

busik: kn. êlaraning kulit padha nglingkap pating jlêprik; ora [x] pc: ora tatu sêthithik-sêthithika.

buslêng: êngg. pc. slingkuh, ora barès.

busnan: (W) kn. ar. punggawa bêbauning kapal.

busu: I kw. ak. wusu. II êngg. kn. ak:bngs. klênthing mawa tutup.

busuk: kn. 1 ora mangêrti apa-apa (ora ngrêtènan); 2 êngg. mêjên (tmr. mrêcon lsp).

busung: kn. 1 (ut. [x] banyu) lara abuh wêtênge isi banyu, ks. mêtêng; [x] kèkèt: lara abuh sikile (awake kuru); [x] watu: wêtênge abuh mrongkol atos.

but: mak [x] kn. katêranganing mbuwang ngêbutake lsp; kc. êbut.

buta: kn. jinising mênungsa kang gedhe bangêt.

butajêngan: k. butarêpan.

butala: (S) kw. ak. lêmah, bumi; k. buntala.

butamal: kn. ak. barang kang dadi cihna (bab colong jupuk).

butarêpan: n. butajêngan k. tansah duwe pandakwa yèn bojone dhêmên karo wong liya; dibutarêpake: didakwa dhêmên karo wong liya.

butêng: kn. nêpson bangêt.

butuh: n. bêtah k. 1 (ut. m-[x]-ake) pêrlu bangêt arêp migunakake (nganggo, lsp); 2 (ut. ka-[x]-an apa-apa sing pêrlu dianggo (dipigunakake lsp); m-[x](-[x])-ake: 1 njêjaluk marang; 2 êngg. alok-alok ana maling lsp; kc. kêbutuh.

butul: kn. 1 bolong têrus; 2 êngg. anjog ing, têkan ing, jêbul ing; 3 êngg. tamat tmr. crita ing wayang wong lsp; di-[x]-ake: 1 dibolong têrus, dijêbulake; 2 êngg. ditamatake tmr. crita wayang lsp; [x]-an: 1 lawang ing pagêr-bata (kiwa-têngên ut. buri omah); 2 êngg. crita tamating lêlakon.

butun: kn. ar. jêruk.

butoh: êngg. butuh

(bucal): dipun-[x] k. dibuwang.

bucêk: kn. rênyêk kulite (tmr. êndhog, woh lsp).

bucik: kn. tatu ing kulit (kêgarit lsp); [x]-ên: saèm. gudhigên nanging tatune mênga-mênga.

bucu: kn. pêndhukul ut. mêndhukul ing gêgêr.

buthak: I kn. tanpa kathukulan rambut (tmr. êndhas), tanpa katuwuhan sukêt (tmr. puncaking gunung). II êngg. kn: buthêk.

buthêk: kn. ora bêning (tmr. banyu lsp).

buthuk: kn. wiwit arêp bosok (tmr. iwak loh).

buthung: kn. cêthik (tmr. jaran, sapi lsp).

buwah: ut. buwah-buwahan (M) kn. woh-wohan.

buwaya: kn. 1 êngg. ak. baya; 2 pc. wong ala.

(buwak): di-[x] êngg. dibuwang.

(buwal): m-[x] êngg. kn. mêncurat mêtu (tmr. tuk).

buwana: (S) kw. 1 jagat; 2 tanah kang jêmbar; gawe [x] balik pr: ngraman.

buwananên: ut. kabuwanan kn. mêlèk nanging ora bisa ndêdêlêng.

(buwang): di-[x] n. dipunbucal k. 1 diuncalake (supaya ilang, wis ora kanggo); 2 ditibakake (tmr. dhadhu, jala); 3 disèlèhake saênggon-ênggon (tmr. bayi); 4 diukum dilungakake sajabaning sêgara; wis ora dianggo (tmr. tata-cara, padatan, kamanuhan lsp); m-[x] dhuwit: ngêcèh-êcèh dhuwit; m-[x] layang êngg. kirim layang; m-[x] tilas pr: nindakake apa-apa dianggo nylamur supaya ora konangan pialane; mbêbuwang: bêbanyu; buwangan: 1 wong kang dibuwang; 2 barang-barang lsp. kang wis ora kanggo; 3 (ut. pambuwangan) papan kang dianggo ngukum wong buwangan; 4 (ut. pambuwangan) kalenan (bolongan) dianggo ngilèkake banyu sing wis ora kanggo.

(buwara): m-[x] êngg. kn. 1 nglurug nyambut-gawe ana ing liya nêgara, mbêbara; 2 angon nganti adoh.

(buwat): di-[x] êngg. dibuwang.

buwèk: êngg. kn. krowaking tatu (gudhig lsp).

buwèn: êngg. pc. kunjara.

buwêl: êngg. kn. kumêlun munggah (kêbul lsp).

buwêng: (-an) kn. kubênging cakran; [x]-an: 1 cakran, bundêran; 2 plêngkungan.

buwi: (W) kn. kunjara; di-[x]: dikunjara.

buwis: (W) kn. layang katêrangan; bêdhil [x]: bêdhil cilik.

(buwuh): di-[x] êngg. kn. 1 diwuwuhi; 2 disumbang; [x]-an êngg: sumbangan.

(buwoh): êngg. kn. buwuh.

bobab, bobad, bobag: êngg. kn. goroh

bobat: kn. rambuting buntut jaran.

bobuk: êngg. pc. turu (têtêmbunganing bocah).

bobo: I êngg. kn. gapuk, bubukên (tmr. kayu, pring); 2 bubruk (tmr. barang dagangan). II êngg. pc: turu (têtêmbunganing bocah).

bobok: I kn. bngs. parêm dianggo mblonyo awak; di-[x]-i: diparêmi. II di-[x] kn: 1 dibolong (tmr. tembok arêp dianggo lawang lsp); 2 êngg. didhudhah (tmr. cèlèngan); 3 êngg. dibabah.

bobol: kn. bêdhah jêbol (tmr. goni, pagêr lsp).

bobor: êngg. kn. 1 gombyar, ora dadi (tmr. êndhog diêngrêmake); 2 ent. wurung, cabar; 3 ar. jangan; 4 bubruk.

bobot: n. wawrat k. 1 aboting barang; 2 aboting barang kang ditimbang; 3 (watu [x]) watu kang dianggo nimbang; 4 br. kakuwatan (kasugihan lsp); (sa-) [x]-e n. sawawratipun k: ing atase, sênadyana; m-[x]: mêtêng; di-[x]: ditimbang disumurupi bobote; di-[x]-i ak: dijaluki rêmbug; [x]-an ki: ngising.

bobot-timbang: kn. mung gumantung marang ...

bobrak: êngg. kn. rusak bangêt (tmr. omah, dandanan lsp; 2 rusak (tmr. awak); 3 ak.

--- 56 ---

ora dadi (tmr. olah-olahan, gawe apêm lsp); 4 bangkrut (tmr. dêdagangan lsp).

bod ~ (bolos).

bod: kn. 1 êngg. êntèk, rampung; 2 sah (tmr. utang cicilan); di-[x]-i: disahi.

bodin: êngg.kn. tela kaspa.

bodong: kn. 1 mlênto wudêle; 2 êngg. pc, bodho.

boja: (S) kw. pangan, pêpanganan.

boja-krama: kw. nampani dhayoh kanthi pasugatan.

bojana: (S) kw. pista mangan enak.

bojo: kn. garwa ki.sisihaning wong jêjodhoan (laki, rabi); bêbojoan: salaki-rabi.

bojod: kn. bojad sarta jêbol (tmr. tenggok lsp).

bojog: kn.ak. tompo takêran bêras (± 7 kati).

bojrod: êngg.pc. bojod.

bodhag: kn. bngs. tenggok gêdhe cêndhèk dianggo wadhah bêras lsp.

bodhal-badhil: êngg. pc. pating bradhil (-sranthil).

bodhèh: kn. 1 suruh alasan; 2 êngg. kasar, groboh.

bodhèng: êngg.kn. isih akèh pagaweane.

bodhik: êngg.kn. bodhing.

bodhing: kn. bngs. arit dawa.

bodho: kn. angèl mangêrtine marang piwulang; mangsa [x]-a: dak-pasrahake marang; m-[x]: api-api bodho; dibêbodho ak: diapusi; dibodhokake:1 dianggêp bodho; 2 dipasrahake marang.

bodhol: kn. 1 lolos rontog (tmr. wulu rambut lsp); 2 êngg. copot, cêpol; 3 êngg. ak. budhal (padha mangkat).

bodhon: kn. kaya carane wong bodho.

bodhor: êngg.kn. badhut (lêlucon).

bog: kn. 1 pêpindhaning barang tiba; 2 pc.bod, sah; di-[x] pc: 1 diborong; 2 ditohake kabèh.

boga: 1 (S) kw. pangan; 2 êngg.k. jagung.

bogang: kn. akèh kang ompong (tmr. jagung), akèh kang gabug (tmr. pari).

bogèl: kn. 1 cupêt (congklang tmr. klambi, cêndhak tmr. gulu); 2 ak. cabar, ora dadi.

bogêm: kn. 1 ar. woh; 2 cêpukan dianggo wadhah mas intên.

boging: êngg.pc. ompong; 2 tuwa bangêt; kc. bogang.

bogya: (S) kw.ak. pangan.

bogoh: kn. ar. wit.

(bogol): di-[x] êngg.kn. diapusi; kc. bagol.

bogor: êngg.kn. arèn; di-[x]êngg: didèrès.

bohong: êngg.kn. 1 goroh; 2 mblenjani.

boya: êngg.kn. ora.

boyak: êngg.kn. ora.

boyo: êngg kn. ringkih sarta jêmpo.

boyok: kn. peranganing awak antaraning bangkekan karo bokong.

boyong: (-an) kn. alihan ênggon (padunungan omah); di-[x] (i): 1 digawa ngalih mênyang panggonan liya; 2 ak. digawa (ditawan) mênyang ing (tmr. wong têlukan lsp); [x]-an ak: wong-wong kang diboyong (lan ditawan).

bok: I (mbok) kn. biyung. II (mbok) kn: 1 (ut. mbokan êngg.ak) mênawa; 2 (ut.mbok iya) mratelakake pakon alus (pangarêp-arêp, pamuji supaya).III (ut. mbok) êngg: ko-(kok-).

(m)bok-ajêng: (-ngantèn) kn. sêsêbutaning wong (bocah) wadon kang golongan têngahan.

(m)bok-ayu, bakyu: kn. sêdulur wadon kaprênah tuwa.

(m)bok-bèn: pc. karêbèn.

(m)bok-bilih: kn. 1 bok mênawa; 2 ak. yèn, mênawa.

(m)bok-bok: êngg.pc. sabawa mratelakake gumun.

(m)bok-gêdhe: n. mbok-agêng k. 1 siwa wadon; 2 êngg. êmbah wadon.

(m)bok-mênawa: n. mbok-mênawi k durung karuwan kêlakon.

(m)bok-mas: kn. sêsêbutaning wong wadon tuwa ora dhuwur pangkate.

(m)bok-nom: kn. bojo kang ênom (tmr. wayuh).

bokong: kn. pocong ki. daging kang ngapit jubur (sangganing linggih); di-[x]-i pc: disangga wragad kabutuhane (tmr. anak mantu kang isih magang lsp); [x]-an: 1 pèrèngan tanggul lsp; 2 nganggo bokong (tmr. wayang).

bokor: kn.ar. wadhah saèm. cêmung nganggo sikilan.

(m)bok-tuwa: n. mbok-sêpuh k. bojo kang tuwa (tmr. wayuh).

(m)bok-cilik: n. mbok-alit k. sadulure wadon wong tuwa kang kaprênah ênom.

bol: I kn. pungkasaning usus (ing jubur).II kn: 1 êngg. pc: plintiran lawe (dianggo ndondomi lsp); kc. bênang.

bolak-balik: êngg.kn. mênyang mulih, bola-bali; mbolak-mbalik: mingar-mingêr (têtêmbungane lsp).

bolèd, bolèg: êngg.kn. 1 kêtela pêndhêm; 2 kêtela kaspa; mbolèd pc: dhuwur sarta kuru (tmr. pawakan).

(bolèh): di-[x]-i, dibolèhi kn.ak. 1 êngg. dielikake, 2 dirêmbugi supaya mbangkang (gêlêm ngurungake karêpe lsp).

bolèng: I ut. bolèngên kn. lêlaranên atos (tmr. têbu, pala kêpêndhêm). II di-[x] êngg.kn: dikêlèti, dibèlèh.

bolèr: kn. bngs. urèt cilik sok mangan wowohan, kelor lsp; [x]-ên: dipangan ing bolèr (tmr. wowohan lsp).

bolèt: êngg.ak. tela kaspa.

bolu: kn. ar. têtuwuhan sarta wohe; [x] rambatan lêmah pr: prakara kang embet-embetan tanpa wasana.

bolong: kn. 1 mawa cêplongan têrus, kb. buntu; 2 (atine [x]) wis lêga ut. wis têrang pangêrtine.di-[x](-i): dicêmplongi têrus; [x]-an: cêmplungan, lompongan.

bolor: kn. bolèr; [x]-ên: bolèrên; 2 êngg. loro pilêg tmr. jaran.

(bolos): m-[x] kn. lunga dhêdhêmitan (tanpa pamit saka jagongan, pamulangan lsp).

--- 57 ---

bolot ~ borong

bolot: (ut. kokot-bolot) kn. dhangkal (rêrêgêd sing kêlèt ing badan); [x]-ên (ut. kokot-bolotên): rêgêd dening akèh dhangkale.

bom: (W) kn. 1 piranti pêrang dijêblukake kanggo ngrusak bètèng, matèni mungsuh lsp; 2 mrêcon gêdhe (kang swarane bantas bangêt).

boma: (S) kn. 1 awang-awang, langit, cs.0; 2 ak. kobongan (pêturon); 3 ak. sukêt garing.

(bombang): kê[x] kn. rumangsa pakewuh ut. rêkasa (dening ditinggal ing rewang lsp).

bombong: (-atine) êngg. mantêp, sênêng, bungah; ora [x] êngg: ora kêpenak (lara); di-[x]: 1 digarap sarta diajokake (tmr. jago); diajokake supaya dipilih (tmr. calon lurah lsp); 2 dialêm supaya mantêp sarta wani; m-[x] prakara: ngêmbani prakaraning liyan ana ing pangadilan.

(bombrong): m-[x] kn. durung jêjungkat lan durung dandan (tmr. wong wadon).

bon: I kn. bngs. wudun ing pupu; kc. turukbon.II (W) kn: girik cathêtan têtuku (ut. utang); ngêbon: 1 têtuku sarana utang; 2 lêngganan layang kabar. III (W) pc: pakumpulan (bal-balan lsp); di-[x] pc: dijaluk tulung supaya mèlu ngrewangi (bal-balan lsp).

bonang: kn. ar. rêrincikaning gamêlan wujude kaya kênong cilik-cilik ditata jèjèr-jèjèr ing rancakan.

bonjor: êngg.kn. bumbung dawa.

(bondhan): m-[x] kw.ak. njogèd, m-[x] tanpa ratu. pr: tumindak sasênênge dhewe (ora mrêduli anggêr-anggêr lsp).

bondhèt: kn. ar. gêndhing; m-[x]; [x]-an kw: nggubêl marang, gandhèng.

bondhol: kn. ar. manuk; m-[x] êngg: nggembol, ngandhut.

bondhotan: (ut. bêbondhotan) kn. têtuwuhan kang rumambat ulêt-ulêtan.

bonekah: kn. anak-anakan (lmr. wêton ngamanca).

bonên: kn. lara bngs. wudun ing wlakang; kc.bon.

bontèng: êngg.kn. timun.

bonto: kn. 1 êngg. bosok; 2 ks. bodho.

bontos: kn. 1 êngg. pungkasan (ing barang sing dawa) 2 br. buntas, wêkasan.

bontot: I (ut. [x]-an, pam-[x]) êngg.kn. wragil II di-[x] êngg.ak: dibuntêl sarana ditalèni ing bongkot, pucuk lan ing têngahe; [x]-an êngg.ak. buntêlan kang dibontot.

(boncèng): m-[x] êngg.kn. 1 nunut nunggang ana ing buri; 2 pc. nunut; di-[x]-i êngg: dinunuti nunggang ing buri.

boncèhan: pc. gudhigên lsp. pating bênyinyih.

bonyoh: êngg.kn. borèh, parêm.

bonyok: kn. 1 rêmak-rêmak arêp bosok (tmr. wowohan); loro (ut. [x]-ên) gudhigên ngêmu banyu (ing êndhas).

bong: I kn. tukang nêtaki. II pc: 1 ayo; 2 êngg.turu (têtêmbungan bocah). III kn: kuburan Cina.

bongbong: êngg.kn bungah; kc. bombong.

bonggan: kn. salahe dhewe; di-[x]-ake: diarani yèn marga salahe dhewe.

bonggol: kn. bongkoting wit gêdhang, tela lsp.

(bongkak-bangkèk): di-[x] kn. digonta-ganti (tmr. pêpanganan lsp).

bongkang: kn. ar. kewan gêgrêmêtan.

(bongkar): di-[x] êngg.pc. dibungkar; [x]-an êngg: patêbon sing wis dirêmbang; kc. bungkar.

bongkèng: kn. lêlaranên atos (tmr. têbu, wowohan lsp).

bongko: kn. ar. lawuh sing digawe gudhe (kêdhêle lsp).

bongkok: I kn. papah krambil. II (ut. [x]-an) kn. bêntèlan barang kang dawa-dawa (ditalèni); di-[x]-(-i): dibêntèli (tmr. barang kang dawa-dawa).

bongkor: (-an) êngg.kn. ora digarap mênèh (tmr. babadan).

bongkot: (-an)kn. perangan kang pungkasan (tmr. barang kang dawa, pring, têbu lsp); ora ngêrti [x] pucuke: ora wêruh mula-bukane apadene kawusanane.

bongkrah: êngg.pc. bubrah;kc. bungkrah.

bongkrah-bangkrèh: êngg.kn. pating blengkrah.

bongkrèk: êngg.kn. bngs. bungkil; [x]-an êngg: buwangan têbu.

bonglot: I kn. bolot. II kw: lunga, sumingkir.

bongoh: kn. katon bêcik nyênêngake (tmr. pawakan, rêrênggan lsp).

bongsor: êngg.kn. longgor, wlaga (gêlis gêdhe).

bopati: pc. bupati

bopong: I kn. ar. ulêsing jaran (kuning sikile irêng). II di-[x] kn: digawa sarana ditumpangake ing tangan loro; [x]-an êngg: jago kang diwènèhake marang lurah nalikane duwe gawe mantu lsp.

bor: (W) kn. blabag panulisan (-tèkên lsp).

borah-barèh: kn. pating blengkrah ora tata.

boral: êngg.kn. royal.

boran: (mboran) êngg. kn. bok manawa.

borang: kn. pring lsp. dilincipi dianggo masangi wong mlaku (supaya kêcublês).

borèh: kn. konyoh ki: campuraning atal, kêmuning, pandhanwangi lsp dianggo blonyo awak.

borêg, borêk: (W) kn. 1 tanggungan (tmr. utang lsp); 2 tukang nêbas pamêtuning têtanèn. lsp; 3 êngg.pangrèh pangarêping pirukunan; 4 êngg. tukang nampani barang colongan; di-[x]: ditêbas.

borok: kn. bngs. gudhig ing êndhas; [x]-ên: nandhang lara borok.

borong: I êngg.kn. bodho; mangsa[x]: mangsa bodhoa. II di-[x] kn: 1 ditêbas (tmr. pagawean lsp); 2 dituku kabèh; 3 (ut. di-[x]-ake)

--- 58 ---

dipasrahake marang (tmr. pêgawean); [x]-an: (pagaweaan, garapan, barang-barang lsp) kang diborong(-ake).

boros ~ bral-brol.

boros: I kn. ora irit (panganggoning dhuwit, barang lsp); m-[x]-i ut. mbêborosi: njalari boros, ora irit. II kn: bung kunci (sok dianggo gudhangan).

borot: I kn. bocor (tmr. wadhah, cèrèt lsp). II m-[x] êngg. pc.lunga dhêdhêmitan.

bos: I mak [x] kn. nywara kaya wêtuning angin, gas lsp. II (W) kn: bêngkakan. III kn: pungkasaning indhên (tancêbaning rujining rodha).

bosah-basih, bosah-basèh: pc pating bêsasik, pating blèngkrah.

bos-bosan: êngg. pc. bolongan.

bosên: kn. wis jêlèh (marga wis kêrêp mangan, nganggo lsp); m-[x]-i: njalari bosên.

bosin: êngg. kn. sêbêl, siyal (ênggone mbêburu lsp).

boso: kn. ar. iwak loh.

bosok: kn. bènyèk ngatarani arêp rusak (tmr. wowohan lsp); m-[x]-i: 1 lagi wiwit arêp bosok; 2 dagangan sing wis ora payu; 3 ak. wis sah mbayar sewan palêmahan.

boswahtêr: (W) kn. panjaga alas (pêjatèn lsp).

boswèsên: (W) kn. urusan babagan alas pêjatèn, tutupan lsp.

bot: I n. wrat. k ak. bobot, abot; [x] repot: karibêdan, kangelan (pakewuh). II êngg. kn: wis sah (tmr. cicilan utang, kontrak lsp).

botêl, botol: (W) kn. gêndul.

botên: k. ora.

botoh: kn. 1 wong sing adu-adu (main); 2 ent. wong sing njagohi (ngrewangi supaya bisa kêpilih lsp); 3 ut. bêbotoh êngg. ak. wong sing ngêmbani prakara; bêbotohan: 1 totohan; 2 ut. ngabotohan) main nganggo toh (dhadhu, kêrtu lsp).

botol: I kn. butul, mawa bolongan ing dhasare. II ut. botêl kn: gêndul.

botor: kn. isi kêcipir.

botrawi: kw. blumbang (ing patamanan lsp).

bot-repot: kn. karibêdan, kangelan; kc. bot.

bocah: n. lare k. 1 wong sing isih cilik (durung ngumur); 2 anak (ent. turun, murid, kalerehan); 3 êngg. batur lanang (sing isih cilik); m-[x]-i: kaya bocah.

bocèl: êngg. kn. cowèl.

bocok: êngg. kn. akèh tatune (ing rai, êndhas); kc. bonyok.

bocong: ki. bokong.

bocor: êngg. kn. 1 borot, trocoh; 2 nggantêr (kêrêp ngocèh); 3 ks. sugih omong.

bothèkan: kn. saèm. pêthi mawa slorogan dianggo wadhah jamu lsp.

bothi: êngg. ak. kêba, kanthong klasa bangka.

bothok: kn. ar. lêlawuhan sing digawe parudan krambil; di-[x] êngg: digawe lênga klêntik (tmr. krambil).

bowèk: êngg. kn. krowak, krowok; di-[x] êngg: dibolong, dikrowok.

bowol: kn. bobol (jêbol tmr. kanthong, goni lsp); di-[x]-i: diboboli.

bowong: kw. ak. macan.

bra: kw. sorot, cahya.

brabadan: êngg. kn. (bêbakulan) bumbu-bumbu lan kabutuhaning omah.

brabah: kn. braok, crawak (yèn gunêman sêru).

(brabak): m-[x] kn. 1 matane kêmbêng-kêmbêng arêp nètèsake luh; 2 abang raine dening muring bangêt.

(brabas): m-[x] kn. enggal rumêsêp (asat) tmr. banyu lsp; 2 tambas ngêmbês (tmr. angin ing ban pit lsp).

brabat: mak [x] kn. sanalika mlayu bantêr; kc. brèbèt.

brabèh: êngg. kn. rêkasa; 2 (ut. kêbrabehan) juwèh, dhêmên nyatur.

brabon: êngg, ak. bngs. barang sêmbêt kang dikêthèl ing kudhu.

braja: kw. 1 gêgaman; 2 ak. barat gêdhe; sumêngka pangawak [x] pr: kumawani, kumêndêl.

brajag: êngg. kn. ak. borang; 2 wong kang dadi pangarêp (jêjênggul); di-[x]-i êngg: disêlani ing tanduran liya; kc. ajag.

bradhat: mak [x] kn. sanalika mlayu bantêr; m-[x] 1 mlayu bantêr (minggat, lunga); 2 nyolong raja-kaya ana ing pangonan.

bradhil: pating [x], m-[x] pc. pating jriwut ora alus.

brag-brèg: kn. pêpindhaning swaraning gêdhèg lsp. ditêbak.

brah: êngg. kn. njênggar sumêbar, mratani.

brahala: kn. rêca lsp. kang disêmbah-sêmbah.

brahat: kn. slamêtan ing sasi Ruwah.

brah-brèh: êngg. pc. ngêbrèh, ora gêmi.

brahi: pc. birahi.

brahmana: (S) kw. (gêgolonganing) pêndhita.

brahmani: (S) kw. brahmana wadon.

brahmacari, brahmanacari: (S) kw. ak. brahmana isih murid.

brai: pc. birahi.

brayan: kn. 1 (ut. bêbrayan) êngg. padha rêrukunan (njangka, nindakake); 2 bêbrayatan, rêrukunan sêsomahan; 3 ak. sabên; ke-[x] ak: sugih anak (sanak).

brayat: kn. sanak sêdulur sabatih (tunggal saomah); bêbrayatan: sêsomahan.

(brayut): di-[x] kn. 1 ditalèni (diêrut) dadi siji; 2 digendhong lan diêmban (nggawa bocah luwih saka siji).

brak: I kn. katêranganing jarit suwèk lsp. II (W) êngg: gêdhong kumpêni (pajagan, pasimpênan lsp).

brakara, brakatha: kw. ak. sulung.

brak-bruk: kn. sabawaning nyênyèlèhake mung ditibakake bae.

brakithi: kw. ak. sêmut.

(brakot): di-[x] kn. dicakot (tmr. kewan), dikrokoti (tmr. wowohan).

bral-brol: kn. pêpindhan swara ut. katêranganing apa-apa kang mêtu (bêdhol lsp).

--- 59 ---

brama ~ (brèngkèl).

brama: êngg. kc. gêni.

bramana: kw. kc. brahmana.

bramanta: (S) kw. ak. bingung, kêkalahan.

bramantya: kw. nêpsu bangêt.

bramara: (S) kw. tawon (kombang).

bramataya: kw. ak. nêpsu bangêt; kc. bramaantya.

brama-corah: êngg. ak. wong kang kêna ing dakwa dianggo nglari kang pancèn kêluputan.

brambang: kn. 1 bngs. bawang rupane abang; 2 ar. lêlaraning pari; m-[x](-i) pc: kêmbêng-kêmbêng arêp nangis.

brambêt: êngg. k. brambang.

braminta: kw. susah, sêdhih, bingung; kc. bramita.

bramita: (S) kw. bingung, klambrangan, susah.

bran dina: êngg. ak. sabên dina.

brana: I (ut. raja-brana) kn. bandha kasugihan. II kw: tatu; kêbranan kw: kêtaton. III m-[x] êngg: mrana.

(branah): m-[x], (be-)[x]-an kn. sugih anak, tangkar-tumangkar akèh.

(branang): m-[x] kn. abang bangêt; kê-[x]: 1 kêbrongot; 2 ent. kêbrangas (sanalika nêpsu).

(brandhang): m-[x], [x]-an êngg. kn. ora kêna disêmayani (tmr. panjaluk, kabutuhan).

(brandu): m-[x] êngg. ak. utang tanpa nganaki; kc. brandon.

branduwin: (W) kn. ar. inuman kêras.

brandon: (-an) pc. têtuku bêbarêngan, bathon dêdagangan.

branjang: (-an) kn. lêmpung campur karo wêdhi.

branjangan: kn. ar. manuk.

brandhal: (-an) kn. wong kang gawene ngrêrêbut (njarah-rayah); [x]-an: 1 (ajar) pêrang lèrès; 2 êngg. jèlungan.

brani: (M) pc. wani, kêndêl.

branta, branti: (S) kw. kêsêngsêm, kedanan.

branta-mara: kn. ar. têmbang gêdhe.

brancah: kn. ora tampikan (wong wadon ut. wong lanang).

brancuh, brancoh: kn. ak. carub dadi siji (ala bêcik campur).

branyak: m-[x] kn. lancap sarta ndhangak (tmr. wêwangunaning polatan).

brang: wc. sabrang; [x]-wetan (-lor, -kulon, -kidul): sisihing kali kang wetan (lor, kulon, kidul).

(brangas): m-[x] kn. ak. 1 manasi, nggosongake; 2 gawe muring; ke-[x]: 1 gosong kêna ing gêni; enggal nêsu marga digêgasah; 3 enggal katon tuwa marga kêrêp susah (muring); [x]-an: gampang nêpsune.

brang-brèng: kn. pêpindhan swaraning blèg, gêmbrèng lsp.

brangah: kn. 1 cêcawangan njênggar (tmr. sungu mênjangan); 2 ar. wanguning wrangka ladrang; 3 (wong [x]) êngg. wong tani sing duwe raja-kaya.

brangkal: kn. 1 prongkalan wadhas, watu lsp; 2 (ut. [x]-an) ak. wong ukuman sing dikon nyambut gawe ngêbrug (ngrata lsp) dalan.

(brangkang): m-[x], [x]-an kn. mlaku sarana tangan tuwin dhêngkul.

brangus: kn. brongsong cangkêm supaya ora nyokot (tmr. jaran, asu); di-[x]: ditrapi brangus.

brangsang: êngg. kn. prungsang, sumuk.

brangta, brangti: kw. kêsêngsêm, kedanan.

(braung): m-[x], [x]-an êngg. kn. lunga saparan-paran.

braok: (ut. broak-braok) kn. yèn gunêman sarwa sêru.

bras: pc. bêras.

brasak: kn. 1 (wedhi [x]) wêdhi kang kasar; 2 êngg. ak. kasar, ora alus (tmr. tata-krama).

(brasat): di-[x] kw. diplayokake, dibandhang; ke-[x] kw: kêplayu, katut bablas.

brastha: (S) kw. rusak, sirna; cs. 0.

brat: kw. ak. 1 prasêtya; 2 tapa, pasa.

bratayuda: kw. 1 pêrang padha kadang; 2 pêrang pungkasan.

bratawali: kn. ar. têtuwuhan godhonge pait bangêt.

brati: I êngg. kn. bngs. bèbèk (anak bèbèk karo enthok). II (S) kw. ak: wong kang tapa (prasêtya).

bratu: kn. ak. dhuwit kang diutangake (supaya bisa têrus main ut. dianggo êmpingan buruhan).

bratos: êngg. k. bratu.

bracok: kn. tampar ing cangkêm jaran.

brawala: kw. pêpadon, congkrah.

(brawuk): m-[x] kn. ak. ngabuk, ndhaku darbèking liyan.

(brèbèl): di-[x](-i) pc. diwènèhi dhuwit lsp. sêthithik-sêthithik.

(brèbès): m-[x] kn. ak. 1 ndlèwèr (tmr. luh); 2 mili tumular (tmr. tulisan mangsèn).

(brèbèt): sa-[x](-an) kn. satleraman, sakêclapan.

(brèjèl): m-[x] m-[x] pc. saèm. mbrojol (mêtu); ke-[x] pc: kêwêtu têmbunge kang pancèn ora dikandhakake.

brèg: kn. pêpindhaning swarane barang digébrag lsp).

(brèh), ngêbrèh: pc. ora gêmi.

breya-breyo: êngg. kn. pating slêmbrèh (sandhang panganggone ut. rambute).

(breyot): m-[x] kn. rêkasa panggawene marga abot (gêdhe bangêt).

(brèndhèl): m-[x]-i êngg. kn. padha bodhol wulune (rambute, godhonge); kc. brindhil.

brèndhi: (W) kn. ar. inuman kêras.

brene: (mbrene) pc. mrene.

(brèntèk): m-[x] êngg. kn. nular-nular (tmr. gêni); kc. prèntèk.

brèncèk: êngg. kn. dodolan eceran.

brèng: kn. pêpindhan swaraning gémbrèng lsp.

brènggèh: kn. ak. 1 branggah; 2 ora barès, jail (tmr. wêwatakan).

(brengkal): di-[x] kn. 1 diungkabi sarana dijongkèng lan diglebagake; 2 pc. digugah kanthi pêksa.

(brèngkèl): m-[x] êngg. kn. ngèngkèl, sênêng madoni; [x]-an êngg: palêmahan ênggone babad dhewe; kc. bringkil.

--- 60 ---

brèsèt ~ brêtya.

brèsèt: kn. 1 licik, ora mêmpêng (tmr. jago tarung lsp); 2 gampang dhêmên marang wong liya.

brèt: kn. pêpindhan swaraning barang suwèk lsp.

brètèh: êngg. kn. grètèh.

brètèn: êngg. ak. climèn.

brewa-brewo: kn. ora tata ênggone mênganggo.

brèwu: pc. sugih bangêt.

brewok: kn. godhèg kêtêl sarta dawa (wrata ing gulu lsp).

brêbah: êngg. k. brubuh.

brêbêg: kn. rasaning pangrungu kang kêtaman ing swara sing rame bangêt; m-[x]-i (-kuping): njalari brêbêg marang kuping.

brêbêk: kn. gapuk sarta padha rontog tmr. kayu; [x]-an: rontogan kayu sing brêbêk.

(brêbêl): m-[x] kn. ak. tansah tumètès mili (tmr. luh, gêtih).

(brêbês): m-[x] êngg. kn. 1 mili tambas; 2 tansah mêtu banyune (tmr. mata); m-[x] mili: kêmbêng-kêmbêng arêp nangis.

brêbêt: mak [x] kn. 1 katêranganing swaraning barang suwèk; 2 sanalika liwat rêrikatan (tmr. ambu, swara).

brêjêl: ks. lair (mêtu).

brêg: mak [x] kn. 1 rubuh sanalika; 2 bêbarêngan akèh bangêt.

brêgada: kn. ak. golonganing prajurit.

(brêgadag): m-[x] kn. abang sêmu kuning (tmr. rambut, godhong lsp).

(brêgajag): m-[x], [x]-an êngg. kn. nyak-nyakan kurang ajar.

(brêgagah): m-[x] pc. mbêbungah; 2 nyanggêmi.

(brêgandang): di-[x] êngg. pc. diglandhang, diuja lsp.

(brêganjok): m-[x] êngg. pc. ngewuhake (tmr. bêbudèn).

brêgas: (ut. m-[x] kn. 1 katon sigrak; 2 katon bêcik.

brêg-brêgan: pc. sanalika bêbarêngan akèh bangêt.

(brêgènggèng): m-[x] pc. mbêgènggèng.

brêgêdèl: kn. ar. lawuh kang digawe cacahan iwak karo kênthang.

(brêgêdud): m-[x] pc mbêgêgêg.

(brêgundung): m-[x] kn nekad nggugu karêpe dhewe.

brêk-brêkan: kn sanalika bêbarêngan akèh bangêt.

brêkah: kn bêrkah.

brêkasakan: pc bekasakan.

brêkat: kn bêrkat.

brêkêtepe: êngg. kn blêkêtepe.

(brêkêcak, brêkêcêk): m-[x] kn: mbêkêcêk.

brêkik: pating [x] kn padha mbêngok; kc.bêkik.

brêm: kn (banyu [x]) êngg. ak. bngs. inuman kêras kang digawe duduh tape; 2 ar. panganan kang digawe kênthêlan duduh tape; 3 ar. kewan bngs.ampal cilik.

brêmana, brêmani: kw kc. brahmana, brahmani.

brêmantya: kw kc. bramantya.

brêmara: kw kc: bramara.

(brêndang): m-[x], [x]-an kn blêjogan, kêsusu, dadakan.

brênjul: kn pêndhukul; m-[x]: 1 mêndhukul, ora wrata; 2 ak. wangkod, ora manutan.

brêndhil: pating [x] kn 1 akèh sêsindhêtane (tmr. tali lsp(; 2 akèh gêgawane (buntêlan cilik-cilik).

brêndhol: pating [x] pc padha mbêndhol.

brêntêl: kn ar. gêdhang; [x]-[x] pc: cilik mêmpuh-mêmpuh.

brênti: êngg. kn gêmi; 2 mandhêg.

brêntos: êngg. k brênti.

brênyèh, brênyihên: êngg. kn gudhigên pating bênyinyih.

brêng: mak [x] kn 1 (ut. [x]-[x]-an) mambu ora enak; 2 pc. lunga (mangkat) bêbarêngan.

(brêngangah): m-[x] pc katon abang (tmr. rai).

(brêngangang): m-[x] kn 1 katon abang cahyane (tmr. rai); 2 nywara sêru (tmr. sêndharèn, sawangan lsp).

(brêngêngêng): m-[x] kn 1 nywara gumrênggêng (tmr. tawon lsp); 2 pc. tansah nangis (tmr. bocah cilik).

brêngga-rowa: kn 1 akèh sanak-sêdulure; 2 sugih bangêt.

(brênggèl): m-[x] êngg. kn: ana kang mêndhukul, ora lurus wrata.

(brêngkele): m-[x] kn mung mikir (ngrêmbug, golèk) butuhe dhewe, ora gêlêm ngalah.

(brêngkêlo): m-[x] kn nggêgêgi panêmune dhewe, ora nggugu ujar.

(brêngkiyêng): m-[x] kn kêncêng tmr. pawakan; kc. bêngkiyêng.

(brêngkunung): m-[x] pc nggugu karêpe dhewe; kc. bêkunung.

(brêngkut): m-[x] kn 1 mikul (nggêgawa) abot bangêt sarta akèh; 2 nyrêmpêng tumandang ing gawe.

brêngkutis: kn. ak ar. kewan bngs. ampal kang mangan sêsukêr.

(brêngungung: m-[x] kn nywara anggrung ana ing awang-awang ut. kêprungu saka kadohan.

brêngok: pating [x] kn padha mbêngok ut. nywara sêru; kc. bêngok.

brêngos: kn. rawis ki rambut ing sadhuwuring lambe.

brês: mak [x] kn 1 sanalika udan dêrês bangêt; 2 sêpisan bêbarêngan ut. sêpisan rampung (tmr. nyaur, têtuku lsp).

brêsat: pating [x] kn. ak pating slêbar pêpisahan.

brêsi, brêsih: êngg. kn rêsik; kc. bêrsih.

brêsihan: kn wadhah prabot pirantining macak (pupur, wêdhak lsp).

brêsih-desa: n. brêsih-dhusun k karamean lan slamêtan ing padesan sabên taun (lmr.gêgayutan karo kramatan ing desa lsp. ut. mbênêri dina adêging desa).

(brêsot): m-[x] kn. ak têrus lunga ora mrêduli apa-apa.

brêt: mak [x] kn katêrangan apa-apa sing suwèk.

brêtya: (S) kw. ak wadya-bala, batur.

--- 61 ---

brêtyapati ~ brok.

brêtyapati: (S) kw. ak senapati, lêlurahing prajurit.

brêcuh: êngg. kn gunêman crêmêdan.

bribah: (-an) êngg. k owah-owahan; kc. brubah.

bribik-bribik: kn lagi wiwit saka sêthithik.

bribil: kn êndhil, satêngah sèn.

bribin: kn 1 (ut. mbribèni) êngg. ak. nywara rame; 2 (ut. [x]-[x]) êngg. nganggo kandha-kandha marang; mbribèni: (nywara) njalari tangining wong turu.

briga-brigi: kn bêgita-bêgitu tandang-tanduke (marga nêpsu).

(briyêng): m-[x] êngg. pc ngêlu, mumêt.

(briyut): m-[x] êngg. kn 1 mbliyut (ngantuk bangêt); 2 mbiyêt (akèh wohe).

brikar: êngg. pc kêrtu-pos.

bril: êngg. kn bribil.

briman: ut. bêbriman êngg. kn ngêmis; kc. priman.

brindhil: kn 1 padha gogrog rambute (godhonge); 2 êntèk rambute (godhonge); 3 ent. êntèk bandhane (barang-darbèke); m-[x]-i: padha gogrog rambute (godhonge, wulune).

brintik: kn pating prênthêl (tmr. rambut).

bringkang-bringkung: êngg. kn jiguh, sêmu rikuh.

bringkil: êngg. kn pringkil; m-[x] êngg: 1 sênêng madoni, ngèngkèl; 2 tansah melik darbèking liyan; kc. brèngkèl.

(bringkung): m-[x], pating [x] êngg. kn (padha) mlaku tumungkul.

(bringkut): m-[x] pc brêngkut.

bringsang: êngg. kn prungsang (panas bangêt).

bris: kw simbar dhadha.

(brisik): m-[x]-i êngg. kn nywara rame; kc. bribin.

brito: (W) kn bobote barang dagangan sabuntêle lsp. (dudu rêsike bae).

bricik: êngg. kn melikan sarta jail.

briwêt: êngg. kn: sêdhih bangêt; kc. bruwêt.

briwitan: êngg. kn saka sathithik.

brubah: 1 êngg. kn owah, ganti (tmr. pranatan lsp); 2 kw. kagèt, susah; [x]-an êngg: owah-owahan.

brubuh:, pêrang [x] kw pêrang amuk-amukan akèh kang mati; di-[x](-i) kn: ditêgori, dipêdhangi lsp. nganti padha rubuh.

(brubuk): m-[x] kn padha mêtu bêbarêngan tanpa kêndhat.

(brubus): m-[x] êngg. kn: mêtu njêdhul, mêtu nywara bus-bus (tmr. kukus lsp); di-[x]-i êngg: digodhog dhisik supaya ilang sêngake (tmr. janganan lsp).

brubut: pating [x] pc: padha mlayu (lunga).

brujul: kn bngs. wluku sing singkale ora ngglebagake lêmah (mung dianggo ngadhuk); di-[x]: diwluku nganggo brujul.

brug: I kn pêpindhan swaraning barang antêp tiba; 2 kayu (wêsi) digarani dianggo madhêtake lêmah; di-[x]: dipadhetake sarana brug. II êngg. kn: krêtêg.

bruk: I kn 1 pêpindhan swaraning barang ambruk, rubuh lsp; 2 katêranganing nyênyèlèhake barang sêmbêt lsp. mung satiba-tibane bae; di-[x]-i: dirubuhi, ditibani barang kang antêb. II êngg. pc: kathok.

brukut: kn rapêt bangêt (ênggone nutupi, nggêdhègi lsp); di-[x]-i: ditutupi (digêdhègi lsp) nganti brukut.

brul-brulan: pc mbrubul, brol-brolan.

brumbun: kn (pitik kang) wulune lêmbut-lêmbut.

brumbung: I (ut. [x]-an kn bumbungan (pipa dalan banyu lsp). II m-[x] kn: mêntas manak tanpa pambêngan banjur mêtêng manèh.

brunjung: kn êmpyaking omah joglo kang dhuwur; m-[x]: awangun lancip (tmr. êmpyak, payon lsp).

brundhul: êngg. kn tanpa rambut (wulu); kc. brindhil.

(bruncah): di-[x] kn. ak dibage-bage tmr. wowohan, panganan lsp.

brung: pc katêranganing lunga (mabur lsp) bêbarêngan.

brungkah: I kn kayu oyod, tunggak saoyode (wit, pring). II m-[x] kn: mari pasa (lèrèn ênggone sêsirik).

(brungkus): di-[x] êngg. kn. ak dibuntêl, (diwungkus; kc. brongkos.

brungkut: êngg. kn brukut.

brungut: êngg. kn mêncungul, ngaton.

brus:, mak [x] kn sanalika tumbuk; kc. gabrus.

brusahan: êngg. kn. ak susah ut. kuwur (dening pasulayan lsp).

brutu: kn janggêling buntut pitik, manuk lsp.

bruncèl: pating [x] kn padha tatu lsp. pating crowèl.

(bruwah): m-[x] pc mêmangan apa-apa sasênênge (sabakdane sêsirik ut. pasa).

bruwang: kn ar. kewan galak.

bruwès: kn. ak godhèg lan brewok.

bruwêt: kn 1 ora cêtha pandêlênge; 2 ent. kuwur, susah.

bruwun: pc rambut pating jriwut; kc: mruwun; m-[x] êngg: golèk jêjanganan ana ing pakêbonan ut. patêgalan; mbêbruwun pc: ngêntèk-êntèkake dhuwiting liyan.

brobah: êngg. pc brubah.

(brobol): m-[x] êngg. kn mbrojol, mêtu saka ing bêdhahan lsp.

(brobos): I m-[x](-i) kn mbrangkang nlusup (mêtu, mlêbu) ing bolongan ut. ing sangisoring apa-apa; [x]-an: bolongan ing bêthèk lsp. (dianggo mbrobos). II di-[x]-i êngg kn: dibrubusi.

brojol: kn padha bodhol.

brog: mak [x] kn pêpindhan swaraning barang tiba lsp.

brohak-brahok: kn gunêman sêru; kc. braok.

(broyot): m-[x] êngg. kn mbreyot (abot gêgawane).

brok: pc dhok-dhokan (panggonan ancêring

--- 62 ---

jèlungan lsp); ngê-[x]: 1 manggon, ndheprok; 2 ora gêlêm muluk tmr. layangan; 3 ks. ngising ngênggon; di-[x]-i pc: diênggoni, disur ênggone.

brokoh ~ dadi.

brokoh: I êngg. kn kranjang mawa sikilan (dianggo mêmikul). II di-[x]-i kn: dislamêti nganggo pala-kêpêndhêm, êndhog lsp. (tmr. bayi kang mêntas lair lsp); [x]-an: 1 slamêtan mbrokohi bocah lsp; 2 êngg. pitulungan nggarap sawahing lurah desa.

brol: mak [x] pc sanalika bêdhol (jêbol, mêtu bêbarêngan); kc. ambrol.

brol-brolan: kn padha mêtu bêbarêngan akèh bangêt.

brom: (W) kn bngs. praba (sing digawe dudu mas).

brombong: (-an) êngg. kn brumbung(-an).

brondong: kn jagung gorèngan; m-[x]: ngunèkake mrêcon (bêdhil) nggêjêg swarane; bêbrondongan: nywara ambal-ambalan (tmr. mrêcon, bêdhil).

bronjong: kn 1 kranjang dawa gilig (wadhah babi lsp); 2 (ut. [x]-an) kranjangan pring (kawat lsp) diisèni watu dianggo mbêndung kali (ut. pikukuhing tanggul); 3 êngg. bngs. icir.

brondhol: kn tanpa wulu; [x] êngg: turahan (kêthokan) têbu sing dirêmbang; kc. brindhil.

brunêng, broning: (W) kn bngs. kêstul.

brontak: pc ngraman, nglawan panggêdhe.

brontok: kn pating pruntus marga kukulên lsp. (tmr. kulit).

brongkal: (-an) êngg. kn prongkal(-an)

brongkos: kn ar. jangan; di-[x] êngg: dibuntêl, dibungkus; [x]-an êngg: brongsongan (woh lsp).

(brongot): di-[x] kn diobong sêthithik (dinyunyuk gêni murub).

brongsong: kn 1 krênêng (kranjang lsp) dianggo ngrakabi wowohan supaya ora dipangani lawa lsp; 2 buntêl (urung) barang-barang kang pangaji; 3 êngg. pc. brangus; di-[x]: dikrakabi ing brongsong.

(brosot): m-[x] êngg. kc lunga tanpa pamit, mlênthing.

brotol: kn perangan sangisoring jubur (tmr. manuk, pitik).

brocèl: pating [x] êngg pating brucèl.

bwang: br bruwang.

bwat: kw. ak abot, bobot.