Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 047-094)

Katalog:Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139
Sambung:
1.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 001-046). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #916.
2.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 047-094) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #917.
3.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 095-133) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #918.
4.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 134-186) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #919.

--- 47 ---

Kuping. 1 Ngoroki kuping Pb = ngandhani. 2 Kuping budhêg dikoroki Pb = wong sing ora krungu lan pancène ora prêlu krungu mêksa dikandhani. 3 Sipat kuping Pt. = lumayu rikat bangêt. Jamur kuping = jamur kang wangun lan kaanane kaya kupinge manusa, lumrahe tuwuhe ana ing prabatang (watang, wit). 5 Kandêl kupinge Pb = ora idhêp isin (sanadyan krungu têmbung sing pantês agawe isine mêksa ora isin). 6 Ngabangake kupung Pb = agawe muring.

Rungu. 1 Krungu têmbang rawat-rawat Br = têgêse lugu: krungu unine barang ditabuh mung lamat-lamat, ora cêtha, maksude: krungu kabar sing durung ngrêti nyata lan orane. 2 Kêmbang sengon, nom-nom suda prungon Pr = kanggo ngunèni wong (nom) sing kurang têngèn pangrungune. 3 Kulak warta adol prungon Pb = têtakon pawarta lan ngandhakake pawarta kang wis rinungu. 4 Anon rungu Br = ngrêrungokake pawarta.

Talingan. 1 Lir sinabit talingane Pp = kaya siniwal kupinge, marga krungu têmbung utawa pawarta sing agawe muring bangêt.

XVI. MATA

Dasanama: 1 Mata = aksi, èksi, mripat, netra, soca, caksu, caksuh, tingal. 2 Wêruh = anon, uning, uninga, udani, wrin, wikan, upiksa, upaksi. 3 Ndêlêng = ndulu, miyat, nupiksa, mriksa. 4. Katon = kasatmripat, kasatmata, kèksi, kengis, kawistara, kawuryan, kawangwang, ketok.

Pakartine mata: wêruh, nonton, sumurup, ndêlêng, nyipati (kapinujon wêruh), dhêngêr (wêruh lan ngrêti), tumon (wêruh sadhela), anon, ngrungu (wêruh lan krungu), ngujiwat (nolèh sakêplasan mawa ulat manis kanthi sasmita kêdhèp), nglirik, mlerok (marga ewa), mlêruk (nuduhake ulat ala), mandêng, nginjên, ngintip (ndêlêng saka pandhêlikan), manthêlêng, macicil, mandêlik, mlirik, nyawang, ngulat-ulatake, ngingêtake, ngliling.

Darwane mripat: awas, blêrêng, cadhok, blolokên, buwananên (kabuwanan), lamur, mamak, pice, wuta, rèbès, rèmbès.

Bêdhahane mripat: 1 Blalak-blalak = ora kaduk amba lan katon rêsik. 2 Mbalut = sêdhêngan ambane sêmu njait lan luruh rada kocak. 3 Lindri = sêdhêngan ambane lan luwês. 4 Liyêp = lèking mripat rada ciyut, nanging luwês. 5 Talup = tlapukane sing sisih dhuwur tumindhih tlapukan sing ngisor (kaya mripate wanita Cina). 6 Suthup = pucuke mripat kêpara mangisor, alise dhuwur ngarêp. 7 Ciyut = mripat ciyut mawa tlapukan

--- 48 ---

kandêl. 8 Mlolo = amba arang kêdhèp. 9 Kriyip-kriyip = ciyut kêrêp kêdhèp. 10 Pêndul = amba sêmu mandhukul.

Bêdhahane mripat wayang: 1 Têlêngan - Wrêkudara lsp. 2 Plêlêngan - Bathara Kala lsp. 3 Kêdhondhongan - Kartamarta lsp. 4 Kêdhêlèn - Sêcaki lsp. 5 Liyêpan - Janaka alsp. 6 Kriyipan - Sêmar lsp. 7 Kêlipan - Cakil lsp.

Anguk. 1 Anguk-anguk kubur Pt = wis mèh mati. 2 Dianguk-anguki = diadhang, arêp wêruh wis têka apa durung.

Blolok. 1 Blolokên = ora sumurup marga blêrêng. 2 Kêtonjok blolok Bs = nyatur wong, ora ngrêti manawa wong sing dicatur ana ing panggonan kono.

Gênah. Wis gênah wis tanah Pt = wis cêtha manawa turune wong bêcik; wis ngrêti têmênan.

Katara. Ala katara, bêcik kêtitik Pb = ala, sanadyan diumpêtake ya mêsthi bakal katon, bêcik ora dipamèr-pamèrake ya bakal diwêruhi wong akèh.

Katon/ton. 1 Katon cêpaka sawakul Pb = disênêngi dening wong akèh. 2 Mandhêg padhang, alingan saya katon Bs = nêdya ngungkiri panggawe ala kang wis ditindakake, nanging carane ngatarani, malah njalari saya katon cêtha lupute. 3 Ora katon dhadhane Pt. = ora wani adu-arêp. 4 Anjar katon Br = tigas kawuryan = lagi sumurup sapisan, durung têpung. 5 Ngatonake siyunge Bs = nuduhake panguwasane utawa kuwanène. 6 Salah-ton Pt = kliru pandulune. 7 Nontoni Pt. = têka ing omahe wong prêlu ndêlêng wanita sing nêdya dialap bojo. 8 Aja katon mata Pt = aku aluwung ora wêruh.

Kasatmripat. Sagêt dados agal saklangkung agêng. lêmbat botên kasatmripat Br = sagêd tiwikrama (dados danawa agêng sangêt) lan sagêd ngical.

Kêdhèp. 1 Kêdhèp têsmak Pb = nyawang suwe tanpa kêdhèp. 2 Kaya ilang dikêdhèpake Br = nyawang tanpa kédhèp, sabab manawa kêdhèp kuwatir yèn sing disawang ilang (lunga) ing sajrone wong sing nyawang iku kêdhèp. 5 Sakêdhèp netra Br = sapandurat, sapungu, sadhela bangêt. 6 Yèn ora ilang dakkêdhèpake, dak untal malang mangsa ngambaha ing cêthak Pd = yèn kowe ora enggal lunga (sumingkir) ...

Lamur. Nggutuk api lamur Bs = maeka marang liyan nganti nêmu cilaka, nanging banjur api-api orangora. ngrêti lan takon sababe wong liya mau nêmu cilaka.

--- 49 ---

Lèk. 1 Lèk-lèkan = ora turu ing wayah bêngi (wong akèh). 2 Cagak-lèk Pt = srana supaya bisa bêtah mêlèk. 3 Wong lanang padha lèk sanga Pt = padha dene wong lanang lumrah, sing olèhe ana ing guwa-garba 9 sasi. 4 Rupane rada mêlèk Pt. = rada ayu (bagus). 5 Pitulikur wimbaning lèk Kw = wêtuning rêmbulan kang kaping 27, maksude: tanggal 27 (sasi Jawa). 6 Micakake mata mêlèk Pt = ngira ora wêruh marang wong kang satêmêne wêruh (ngrêti). 7 Yèn arêp rabi, lèkna mripatmu sing amba; yèn wis rabi, rêmna mripatmu Pt = yèn arêp ngalap bojo, di wêweka pamilihmu wanita; yèn wis darbe bojo aja melik marang wanita liya.

Liling. Kaliling sajroning ati Br = tansah katon, gumantung tuntunging ati.Liring. 1 Mbalang liring Br = pasang liring, nglirik sakêplasan kanthi ulat manis. 2 Dipindêr ing liring Br = tansah sinawang-sawang. 3 Ujungan liring Pt = lirik-lirikan, adu ulat. 4 Kêtaman ing sambang liring Pt. = nandhang lara asmara, marga kêtaman liriking wong kanthi ulat manis. Longok. Barêng dipracaya banjur longok Pt = kurang wêweka, gêlêm candhak-cêkêl lsp. Mata. 1 Mata-itik = bolongan ing klambi dianggo ngancingake bênik. 2 Mata dêruk = bolongan ing klambi dianggo ngêtrapake bênik. 3 Mata-iwak = cuplak (korèng) sing ngurêng. 4 Mata-dhuwitên Pt = petung bangêt marang dhuwit, tanpa ngelingi rasa sosial lsp. 5 Mata yuyu Pp = mata sing tansah êmbik-êmbik kaya arêp ngangis; utawa atêgês: cingèng, gampang nangise. 6 Mata-lele = putih kaya matane gêmak (sêmining têmbako). 7 Mata loro Pt = mangro tingal, ngalap dho, ora mung ngantêpi sawarna (Dho = ro). 8 Mata-mataning mungsuh = mungsuh sing nginjên kaanane wadya-bala lan gêlaring barise. 9 Mata-pitaning asrama Br = matapitayaning asrama = wong sing tinanggênah ngawat-awati asrama. 10 Mata walangên Pt = mêlèk, nanging ora wêruh (kabuwanan,buwananên). 11 Kaca-mata = têsmak, kaca-tingal. 12 Kranjang mata era = kranjang sing nam-namane arang. 13 Mata kranjang Pt = yèn sumurup apa-apa tuwuh sênênge. 14 Endhog mata-sapi = êndhog dicêplok. 15 Matane nganti ndlolèr Pt = ngingêtake nganti suwe tanpa kêdhèp. 16 Panèn mata pailan gulu Bs = wêruh panganan warna-warna, nanging ora melu ngrasakake, sêbab ora diwènèhi. 17 Mata-mata kapèn kaya kowe kulup Prêmadi Br = (pandêlêngku ora cêtha, kaya dene kaling-kalingan) apa kowe Prêmadi, ta? (Kapèn = ka + ape + an. Ape = aling-aling, rana. Kapèn = kaling-kalingan). 18 Nyolok mata Pt = tumindak

Liring. 1 Mbalang liring Br = pasang liring, nglirik sakêplasan kanthi ulat manis. 2 Dipindêr ing liring Br = tansah sinawang-sawang. 3 Ujungan liring Pt = lirik-lirikan, adu ulat. 4 Kêtaman ing sambang liring Pt. = nandhang lara asmara, marga kêtaman liriking wong kanthi ulat manis.

Longok. Barêng dipracaya banjur longok Pt = kurang wêweka, gêlêm candhak-cêkêl lsp.

Mata. 1 Mata-itik = bolongan ing klambi dianggo ngancingake bênik. 2 Mata dêruk = bolongan ing klambi dianggo ngêtrapake bênik. 3 Mata-iwak = cuplak (korèng) sing ngurêng. 4 Mata-dhuwitên Pt = petung bangêt marang dhuwit, tanpa ngelingi rasa sosial lsp. 5 Mata yuyu Pp = mata sing tansah êmbik-êmbik kaya arêp ngangis; utawa atêgês: cingèng, gampang nangise. 6 Mata-lele = putih kaya matane gêmak (sêmining têmbako). 7 Mata loro Pt = mangro tingal, ngalap dho, ora mung ngantêpi sawarna (Dho = ro). 8 Mata-mataning mungsuh = mungsuh sing nginjên kaanane wadya-bala lan gêlaring barise. 9 Mata-pitaning asrama Br = matapitayaning asrama = wong sing tinanggênah ngawat-awati asrama. 10 Mata walangên Pt = mêlèk, nanging ora wêruh (kabuwanan,buwananên). 11 Kaca-mata = têsmak, kaca-tingal. 12 Kranjang mata era = kranjang sing nam-namane arang. 13 Mata kranjang Pt = yèn sumurup apa-apa tuwuh sênênge. 14 Endhog mata-sapi = êndhog dicêplok. 15 Matane nganti ndlolèr Pt = ngingêtake nganti suwe tanpa kêdhèp. 16 Panèn mata pailan gulu Bs = wêruh panganan warna-warna, nanging ora melu ngrasakake, sêbab ora diwènèhi. 17 Mata-mata kapèn kaya kowe kulup Prêmadi Br = (pandêlêngku ora cêtha, kaya dene kaling-kalingan) apa kowe Prêmadi, ta? (Kapèn = ka + ape + an. Ape = aling-aling, rana. Kapèn = kaling-kalingan). 18 Nyolok mata Pt = tumindak [tumin...]

--- 50 ---

[...dak] kurang prayoga ana ing sangarêpe wong liya. 19 Maniking mata Br = kang ditrêsnani bangêt. 20 Ngrabèkake mata Pt = priya nyawang marang wanita (utawa kosokbaline). 21 Pête samata = saêlas, sablindhi. 22 Nglimbang mata = ngrêsiki mripat sarana mêlèk sajroning banyu rêsik dicampuri uyah sathithik. 23 Kasatmata Kw = katon. 24 Prabu Satmata Pd = Bathara Wisnu nalika jumênêng Ratuning nagara Gilingwêsi. 25 Natmata ing brangta Br = agawe lêganing sêngsêm. 26 Wis rada kêmata Pt = wis patut didêlêng. 27 Mataram Kss = saka têmbung Latin "matri" atêgês: ibu, yaikuYogyakarta, Ngèksiganda. (Mataram, karimbag guru-wanda dadi: matarum; mata, karimbag guru-dasanama dadi ngèksi. Rum (arum) iku araning ganda, utawa: sing arum iku ganda. 28 Mata-mata kapèn = mripat kurang cêtha pandulune, dene kaling-kalingan. Kapèn = ka+ape+an. Ape = aling-aling.

Mripat. 1 Mripat mblalak kocak Cd = mblalak sêmu kêdhêr nêngsêmake. 2 Mripat ndamar kanginan Cd = kaya damar kanginan kêdhêr lèp-lèp, maksude: mripat sing mblalak kocak. 3 Kasat mripat = katon. 4 Sagêd dados agal saklangkung agêng, lêmbat botên kasatmripat = sagêd tiwikrama, lan sagêd ngical.

Mumuk. 1 Mamak-mumuk Pt = wis ora cêtha pandulune. 2 Budhug-mumuk Pt = doyan mangan-turu.

Netra. 1 Netra lir baskara kêmbar Br = kaya srêngenge loro, amba bangêt. 2 Trinetra Pd = Bathara Guru; jêjuluk Trinetra: anetra têlu, sing siji yaiku netra pramana. 3 Netrane kadya mong Br - mripate kaya mripat macan, amba bangêt. (Mong = sardula, macan). 4 Sakêdhèp netra = sapandurat, sapangu, sakêdhap sangêt.

Padhang. 1 Padhang ulate Et = padhang langite, katon bingar, katon sênêng. 2 Padhang rêmbulan = wayah wêngi kang mawa padhanging rêmbulan. 3 Wêruh padhang-hawa Br = lair saka ing guwa-garba.

Pandêng. 1 Pandêngan karo srêngenge Bs = mêmungsuhan karo wong sing nduwèni panguwasa. 2 Gadhah pandêngan lare èstri = sawangan sing didhèdhèki bakal dilamar. 3 Kuda ngrap ing pandêngan = kuda titihan ratu dipraboti kanggo sawangan (tontonan) ing sacedhake pagêlaran.

Pêtêng. 1 Wêngi pêtêngan = wêngi ora ana rêmbulan, kosok baline: padhang rêmbulan. 2 Pêtêng lêlimêngan Br = pêtêng ndumuk irung, pêtêng ndhêdhêt. 3 Lêmbupêtêng Bb = putrane ratu kang siningidake, miyos kakung saka garwa pangrêmbe (sêlir),

--- 51 ---

kayata: putrane Brawijaya-wêkasan kang miyos saka Dèwi Sapudhi putri ing Wandhan uga karan Lêmbupêtêng.

Rêm. 1 Rêm-rêm ayam Pt = layap-layap mèh turu, nanging isih krungu. 2 Mêrêm-mêlik Pt. = antarane mêrêm karo mêlèk, mèh turu. 3 Aku ora mêrêm Et = aku gêlêm mèlu mikir uripmu, aku gêlêm têtulung marang kowe.

Soca. 1 Asoca bathara Br = waskitha bangêt, wêruh sadurunge winarah. 2 Têbu tuwuh socane Bs = rêmbug wis dadi banjur ana sing nyetani. 3 Kaya kinjêng tanpa soca Pp = blasuran, mak-makan lan narab-natab tindake.

Tênga. 1 Tumênga sêpa, tumungkul sêpi Br = ora ana sing dijagakake. 2 Kêna tinênga-tênga Br = kêna dijaluki tulung samangsa prêlu (kêslêpêk ing butuh). 3 Atimu têngakna, nuli tungkulna Br = uripmu tandhingên karo wong sadhuwurmu lan sangisormu, supaya atimu aja tansah lunja-lunja. 4 Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi Br = sambata marang bapa-biyungmu, marga kowe arêp dakpatèni. Akasa ngibarat: bapa, pratiwi ngibarat: biyung.

Tingal. 1 Malik tingal Bs = nyelaki kayakinane, uga atêgês: mari sêtya olèhe suwita, mbalik ngiloni mungsuh. 2 Olèh kadang ing tingal Br = olèh wanita sing agawe panujuning ati. 3 Têrus ing tingale Br = waskitha, sidik, wêruh sadurunge winarah. Mbuwang tingal Br = mlerok amarga ewa. 5 Mbalang tingal Br = mbalang liring, nandukake ulat sagêbyaran karo mèsêm minangka sasmita tandhaning sih-trêsna.

Tolèh. Mandhêg-tumolèh Pt = mandhêg-mangu, gojag-gajêg, kuwatir mbokmanawa ana bêbaya.

Ulat. 1 Ulat bêning lêri Sn. = suntrut, ora katon bingar. 2 Angon ulat ngumbar tangan Pb = maspadakake ulate wong ditangguh limpène nêdya dikutil barange. 3 Ana daulate ora ana bêgjane = ana ungup-ungupe bakal olèh kabêgjan, nanging kabêgjan iku ora sida tumêka. (Daulat = ungup-unguping kabêgjan). 4 Daulat bêcik Pt = bakal olèh kabêgjan. 5 Kurang ulat Pt = kurang wêweka. 6 Ulat madhêp ati karêp Pt = atine wis kêpengin, tur dhasar wis lawas pangarêp-arêpe. 7 Pasang ulat Pt = ngatonake ulate supaya dingrêtèni manawa ora sênêng. 8 Ajèr ulate Et = katon bingar (sênêng). 9 Diulati ala Pt = diplêruki. 10 Mulat tenge Kw = kapitontonên amarga kangên. 11 Diulat-ulatake Pt = diwaspadakake sapari-polahe. 12 Cahya Mulat Pd = cahya sing tiba ing kaendran banjur pêcah dadi widadari 7, yaiku: Supraba, Gagarmayang, Wilutama, Irimirim, Warsiki, Surendra, Tunjungbiru. 13 Mulat salira = nintingi dhiri pribadi supaya wêruh marang pribadine

--- 52 ---

sing njalari bisa wêruh marang Pangerane. l4 Arane polatan: Tajêm (satêmêne agêtês landhêp = antêng sajak mikir. Rêgu = arang cêlathu sêmu angkuh. Sumèh = yèn gunêman kaworan èsêm. Jatmika = antêng ing lair têrus batine. Njêlalat x tajêm. Sirung = polatane katon pêtêng. Njênggurêng x sumèh. Jinêm = antêng jatmika. Njabrut = mrêngut sêmu mêcucu. Klicutan = ulate wong kuwirangan.

Ungak. 1 Ungak-ungak pagêr arang Bs = injên-injên nêdya njupuk baranging liyan. Utawa:njajagi kapintêran utawa kasugihaning liyan. 2 Wis ungak-ungak kubur = wis mèh mati.

Upaksi. 1 Niru upaksi Pb = ora wêruh dhewe, ngrêtine marga dikandhani liyan. 2 Krêti minangka upaksi Pb = pakarti minangka dadi tandha-yêkti.

Wêruh. 1 Wêruh cos walang-tatune Pb = wêruh tibane gêgaman sing njalari anane raja-tatu utawa raja-pati. 2 Wêruh cipta durung ana Br = waskitha, wêruh sadurunge winarah. 3 Ora wêruh alip bengkong Pb = wuta-sastra Arab; yèn wuta-sastra Jawa ditêmbungake: ora wêroh pa pincang. 4 Ora wêruh marang wong-tuwa Pt = ora mikir uripe wong-tuwa, wêgah têtulung. 5 Weruh ing grubyug ora wêruh ing rêmbug Pt = melu ombyake wong akèh, nanging ora ngrêti maksude. 6 Ora wêruh tata-krama Pt = diksura, kurang ajar.

Wuta. 1 Wuta-sastra = ora bisa maca lan nulis. 2 Wuta tanpa krama Pb = kelangan apa-apa ing wayah bêngi ora rêpot marang sing kawogan. 3 Mutatuli Pt. = ora mraduli apa-apa (nekad).

XVII IRUNG

Dasanama: 1 Irung = grana, nasika, parsana. 2 Ambêkan = napas, niswasa, uswa, uswasa.

Darwane irung: Mbangir = sêdhêngan gêdhene, pucuke sêmu lancip. 2 Nyunthi = cilik awangun apik. 3 Tèsèk = pèsèk, pucuke têmpak. 4 nyêprok = pucuke gêdhe. 5 Dhêmpok = gêdhe nanging pèsèk. 6 Nyêngar = sajak njêgrag. 6 Rungih = cilik mbangir. 7 Ngudhup mlathi = kaya kudhup mlathi = sêdhêngan gêdhene, luwês wangune lan mbangir.

Ambêkan. 1 Unjal ambêkan = nyêdhot napas. 2 Ngêngkên ambêkan = ora ambêkan sawatara suwene.

Ambu. 1 Ambunên sikutmu, mambu apa Pt. = elinga marang cacadmu dhewe. 2 Mambu ati Pt = wanita krasa yèn diêsir dening priya utawa kosokbaline. 3 Ora mambu bocah Pt = ora mèmpêr bocah (solah-tingkahe, kasênêngane lsp.). 4 Ora

--- 53 ---

mambu wong lanang Pt = ora mèmpêr wong lanang; utawa: wanita sing durung kêgêpok wong lanang. 5 Ora mambu wong wadon Pt = wanita sing ora mèmpêr wanita; utawa priya sing durung tau gêgêpokan karo wanita. 6 Ora mambu wong Jawa Pt = ora mèmpêr manawa wong Jawa (sabab ora ngrêti babar-pisan marang kabudayan Jawa). 7 Ora mambu sêga-jangan Pb = ora mambu enthong-irus = wong liya, dudu sadulur. 8 Momor sambu Pb = têlik sing momor mungsuh lan melu salaku-jantrane. 9 Mambu kulit-daging Pt = isih kaprênah sadulur. 10 Mambu dhêm Pt = wis ora angêt (rada kasèp nganti adhêm).

Amis. 1 Dewi Rara Amis Pd = Dewi Durgandini, uga pêparab Gandawati, Sayojanagandi, Sêtyawati, garwane Palasara, sadulure Prabu Durgandana ing Wiratha. 2 Yèn ana amis-bacine Pb = manawa nuju nêmoni ora kapenak.

Aras. 1 Aras kêmbang Pt = gampang tampa sihing panggêdhe. 2 Ngaras pada Br = nyêmbah. 3 Pangarasan Ki = pipi.

Arum. 1 Arum-manis = arane panganan. 2 Jênênge arum Et = misuwur bêcik. 3 Ngêndika arum Et = ngêndika alon amanis. 4 Sintên sinambut ing rum Br = sapa jênêngmu. 5 Sang Abimanyu rum-arum Br = kêkasih Sang Abimanyu, asma Sang Abimanyu. 6 Jinêm-rum Kw = jinêm-mrik, jinêm-sêkar, jinêm-sari, jinêmwangi, paturon apik (angganda wangi, sinêbaran kêmbang). 7 Sang arum = sang putri.

Bacin. 1 Lênga bacin = lênga saka ampasing parudan krambil sing diwayokake nuli diêpe banjur digiling. 2 Idu bacin = idu ing wayah esuk bakda tangi turu. 3 Bacin-bacin iwak = ala-ala sanak, manawa ana sangsarane iya ora têgêl.

Jingus. Kapok-kawus dijingus wong ora urus Pt = wong wadon palanyahan digarap priya ugal-ugalan tur ora diwèhèni dhuwit.

Ganda. 1 Gandane arum jamban Sn. = bangêr bangêt, bacin bangêt lsp. 2 Gandamana Pd = putrane Gandabayu ratu ing Cêmpala, utawa: ipene Prabu Drupada ing Cêmpala. 3 Manaduganda Kw = manadukara, mangayubagya, jumurung. 4 Ngèksiganda Kss = Mataram Yogyakarta. 5 Nuwilaganda Bs = nyanak-nyanak marang wong gêdhe. 6 Durniti ganda rasa Bs = olèh ganjaran saka tindake kang nistha, kayata: ngaturake (madulake) alaning liyan marang panggêdhe banjur diparingi ganjaran. 7 Ganda kentir sêmune liman pêpeka Pl = pralambange Sri Pamêkas ing Pajajaran (Prabu Silihwangi) dilabuh dening Siyungwanara, amarga saka kurang wêweka. 8 Gandawati = rara Amis.

--- 54 ---

Grana. Grana rungih pindha kêncana pinatar Cd = mbangir kaya mas digosok nganggo patar.

Irung. 1 Anggêr irung Pt = kabèh wong. Dawa irunge Pt = kisinan, kêcelik. 3 Ora gêmbung ora irung Pt. = mlarat bangêt lan ora nduwèni kaluwihan apa-apa. 4 Aksara irung = na nya, ma, nga.Ditulis dengan huruf Jawa.

Napas. 1 Mêgêng napas Pt = ngêngkên ambêkan. 2 Jaran napas = jaran ulês klawu sulak kuning. 3 Napase sêsêk = angèl ambêkane.

Uswa. Banjutên uswa kawula Br = (Dhuh dewa) aku bêcik patènana bae.

Wangi. 1 Banyuwangi Bb = arane panggonan (kutha) nalika Brawijaya-wêkasan mbukak bumbung kang isi banyu, banyune ngganda wangi; kosok-baline Bangêrwarih (Probolingga) = arane panggonan nalika Brawijaya-wêkasan mbukak bumbung kang kapindhone, banyune ngganda bangêr (Buku Darmagandhul). 2 Julungwangi = arane wuku sing kasanga. 3 Silihwangi Bb = asmane Ratu Pajajaran. 4 Wêwangi Br = pêparab, jêjuluk, têngran, sêsilih, asma. 5 Glagahwangi = Dêmak, Bintara.

XVIII. CANGKÊM, LAMBE

Dasanama: 1 Cangkêm = lesan, tutuk, nana, waktra, cocot (kasar). 2 Lambe = lathi, bibir, kalpija. 3 Aksara lambe: ma, wa, ba, paDitulis dengan huruf Jawa.

Pakartine cangkêm: angop, antop, sêgu, mingkêm, mangap, nylongop, ndongong, njomblong lsp.

Pakartine Lambe: 1 Mèsêm = obahe lambe ajêg mingkêm, yèn obahe sathithik diarani mèsêm-pêndhêm. 2 Mèncêp = mènjêp, lambe ngisor nêkuk sasisih pratandha ewa. 3 Ngêprèti = ngobahake lambe nganti ana swara "prèt" pratandha ora ngandêl. 4 Nyawêti = ngawêt, lambe ngisor nêkuk lan mepetmèpèt. untu (mripate manthêlêng). 5 Mlêcu = lambe ngisor-dhuwur dicucuthake (pratandha gêla sêmu muring).

Wangune lambe: 1 Dhamis = ngisor-dhuwur sêdhêngan lan gathuk trêp. 2 Gugut = lambe dhuwur cupêt (janggute rada kaduk dawa). 3 Nggandhul = lambe ngisor luwih sathithik. 4 Dongos = lambe dhuwur numpang lambe ngisor. 5 Ndomble =

--- 55 ---

lambe ngisor kandêl lan nggandhul, gusine katon. 6 Nyoro = lambe rada mucut. 7 Kokop = pojoke lambe ana tilase pathèk. 8 Nyigar-jambe = sêdhêngan gêdhene lan ngisor-dhuwur padha kandêl-tipise. 9 Nggula satêmlik = tipis adhamis.

Angop. Digêtak angop Bs = didhawuhi nindakake pakaryan (dening panggêdhe) kanthi dadakan.

Antop. 1 Ora antop ora sêgu Pb = ora nywara apa-apa. 2 Antop-sêgu pindha gludhug sèwu Pp = sêru bangêt (danawa).

Esêm. 1 Esême pait madu Cd = manis bangêt. 2 Akèh sing ngèsêmi Pt = sing nggêguyu (ewa). 3 Mèsêm pêndhêm = mèsêm sathithik bangêt.

Gondhang. 1 Keyong gondhang = keyong gêdhe. 2 Keyong gondhang jarak sungute Pl = Jaka Tingkir, asale saka ing papan sing akèh umbule (banyune) yaiku ing Pêngging, bisa jumênêng Ratu (ing Pajang). 3 Gondhang-gandhung - padayantra, pit. 4 Gondhang-kasih = anak loro seje pakulitane, kayata: sing siji bule, sijine cêmani (Kakrasana karo Narayana).Nayarana / Narayana. 5 Pitik gondhang = mawa ulês kuning sêmu klawu. 6 Dibuwang ing kali gondhang Bld - dipangan. 7 Logondhang = arane lagu Sinom.

Guyu. 1 Digêguyu ing wong Pt = diewani ing wong. 2 Nungsung guyu Br = mêthukake karo sêmu mèsêm. 3 Geguyon parikêna Pb = darbe pangarah panêmbunge kanthi sêmbranan, sajak api ora, sajatine têmênan (Sêmbrana parikêna). 4 Gêguyon dadi tangisan Pt. = ing sakawit mung guyon bae, suwe-suwe dadi kêrêngan. 5 Ngguyu tuwa Bld = nangis.

Lambe. 1 Lambe-dang Pp = kaya lambening dandang, yaiku rada ndowèr. 2 Lambe satumang kari samêrang Bs = wis kêrêp mituturi, sing dipituturi mêksa ora manut-miturut, ora marèni. 3 Lambe-gangsa = congore rajakaya kang pating cringih (kêbo, sapi). 4 Lambe-gajah = perangane wilahan kêris sandhing kêmbang-kacang. 5 Dadi kêmbang lambe Pt = tansah digunêm. 6 Kanggo abang-abang lambe P. = mung dianggo ulas-ulas, ora têmênan. 7 Enthèng lambene Et = tipis lambene = sênêng nyatur liyan. 8 Wis kêcêkêl lambe-atine Pt = wis bisa mêruhi ma, wa, ba, pa.Ditulis dengan huruf Jawa.

Lathi. 1 Dados sêkar-lathi Pt = dados ginêm. 2 Lathi manggis karêngat Cd = abang, kaya abange manggis dibênthèt. (Rêngat = bênthèt, tumrap ati atêgês: sêrik). 3 Waja gathik kumêdut padoning [pa...]

--- 56 ---

[...doning] lathi Cd = untune gathik, padone lambe kêdut-kêdut (marga nêpsu bangêt).

Cangkêm. 1 Cangkêm gatêl arang mingkêm Pt = sênêng nyatur alaning liyan. 2 Cangkêm karut Pt = nggragas, apa-apa doyan. 3 Cangkêm rusak, godhong jati krasa opak Pt = sanadyan barang sing pancène ora pantês dipangan mêksa dipangan. 4 Cangkêm palung Pt = drêmba bangêt. (Palung = arane iwak sagara). 5 cangkêm kêmalan Pt = cangkêm sing kaya kadunungan mêmala (cacad), yaiku kakehan omong, bêngak-bêngok lsp. 6 Cangkêm cucud dadi cacad Pt. = kêrêp ngucapake têmbung sing ora prayoga dadi cedha. 7 Kakehan cangkêm Pt. = kakehan gunêm, tansah gumrêmêng. 8 Cangkême urab-uraban Pt = sênêng ngunèn-unèni nganggo têmbung saru. 9 Cangkêm lucu Et = ora kêna dipracaya gunême. 10 Udhu cangkêm Pt = mung melu mangan thok, tanpa urun wragad. 11 Tuwas wis dadi cangkêm jêbul tanpa guna Pt. = tuwas wis dirêmbug gayêng jêbul ora apa-apa, tanpa paedah. 12 Jarite suwèk nyangkêm kodhok Pt = awangun maju-têlu.

Cêthak. 1 Pait nyêthak Pt = pait bangêt, prasasat krasa (lèngkèt) ing cêthak. 2 Dak-untal malang mangsa ngambaha ing cêthak Br = dak untal malang akanthi gampang. 3 Aksara cêthak = aksara Jawa: ca, ja, ya, nya.Ditulis dengan huruf Jawa.

Cocot. Pêrang potlot, pêrang cocot, pêrang otot Ks = padu rêgêjêgan nganggo layang, padu adu-arêp, gêlut (ngadu karosan, pêrang têmênan).

XIX. UNTU, ILAT

Dasanama: 1 Untu = dênta, danta, waja. 2 Siyung = jatha, saradala, jêthis. 3 Ilat = lidhah, jihwa. 4 Ompong = gutuk, guguh, dhaur. 5 Pangur = pasah, kêthik.

Dhaut. Lênggahan dhautan Ki = lênggahan (jagong) bayèn mbênêri wêktu puputan (slamêtan).

Dênta: 1 Kartil dênta Kw = ambèn pasarean sing digawe untu gajah (gadhing). 2 Nggêndhewa dênta Cd = candrane tangan kang pakulitane kuning-gadhing. 3 Payudarane muyuh dênta Cd = susune nyêngkir-gadhing. 4 Dêntawilukrama Pd = putrane Wibisana kang jumênêng Ratu ing Singgêla jêjuluk Prabu Bisawarna. 5 Dênta-wyanjana Ks = satêmêne atêgês aksara untu, nanging banjur mingsêd atêgês: carakan, yaiku urut-urutane aksara Jawa wiwit saka ha têkan nga kèhe ana 20.

--- 57 ---

Jatha. 1 Jathasura Pd = punggawa ing Guwakiskêndha, ratune asma Maesasura, patihe Lêmbusura. 2 Trijatha Pd = putrane Wibisana, kagarwa Kapi Jêmbawan ing Gandamadana pêputra Dèwi Jêmbawati.3 Parijatha Kss = arane lagu têmbang Sinom, lumrahe mawa laras slendro.

Grêgêt. 1 Grêgêt-saut Pt = tandang-grayang. 2 Grêgêt-grêgêt suruh Pt = nêpsu, nanging ora kêwêtu.

Guguh. Macan guguh Bs = wong gêdhe, sanadyan wis ilang panguwasane mêksa isih katon mêdèni. 8 Lunyu ilate = gunême mencla-mencle.

Ilat. 1 Dodol-ilat Ks = dhêmên omong goroh ngayawara. 2 Ilat-baya = arane wit bangsane cocor-bèbèk. 3 Midak ilat Pt = kurang ajar, ora ngajèni. 4 Mati ilate Et = ora bisa ngrasakake panganan. 5 Mogel ilate Pb = kêrêp mêmangan kang sarwa mirasa. 6 Dawa ilate Pb = sênêng golèk pangalêmbana mêmadulake alaning liyan. 7 Aksara ilat = aksara Jawa: ra, la, dha, nga.Ditulis dengan huruf Jawa. 8 Lunyu ilate = gunême mencla-mencle.

Kêthik. Gawene mung kêthik kênaka Pt. = mukti bangêt, ora tau nyambut gawe abot.

Lidhah. 1 Lidhah gangsa = ilate raja-kaya kang pating cringih. 2 Lidhah sinambung Bs = karna binandhung = pawarta kang timbal-tumimbal.

Pangur. Gêdhe-dhuwur ora pangur Pb = wis diwasa durung ngrêti tata-krama.

Siyung. 1 Siyungwanara Bb = putrane Ratu Pajajaran kang nyedani Sang Prabu Sri Pamêkas. 2 Ngatonake siyunge Pt = nuduhake panguwasane (kêkêndêlane). 3 Siyunglaut = Adipati Blambangan sing dhawuh ndhusta kêris Ki Sangkêlat. 4 Jêruk sasiyung = saajar.

Waja. 1 Kêthik waja Ki = pasah, pangur. 2 Saking bangête nggêgêt waja, kêcoh marus ariyak ludira Cd = untune gathik bangêt nganti mêtu gêtihe, idu lan riyake mawa gêtih. 3 Waja mêngês-mêngês manglar kombang Cd = untune irêng nglaring kombang (marga sisig).

Untu. 1 Nggêtêm untu Pt = nggêgêt untu, pratandha muring utawa nêpsu. 2 Untu gêlap = unton-unton dalan sêpur (Indonesia: jalan kereta api bergerigi). 3 Jagung sauntu = jagung saêlas. 4 Nguntu walang Pp = kaya untu walang, rênggêt-rênggêt. 5 Nggantung untu Pt = wis kêpengin bangêt mêmangan. 6 Kêrot tanpa

--- 58 ---

untu Bs = darbe panjangka ora duwe srana (wragad). 7 Aksara untu = aksara Jawa: na, ta, sa, da.Ditulis dengan huruf Jawa.

XX. GULU

Dasanama: Gulu = jangga, tênggak, lèhèr, lungaya (lungayan).

Jangga. 1 Wilahan jangga = wilahan gulu, tumrap gamêlan slendro sadhuwure wilahan Barang, yèn gamêlan pelog sadhuwure wilahan panunggul utawa wilahan bêm. 2 Tiba jangga = (tumrap dolanan pei) tiba nomêr loro. 3 Manglung jangga Br = têgêse lugu, ngulungake gulu, maksude: nungkul, têluk. 4 Katigas sumangga jangga Br = sanadyan arêp dipatèni sarana ditigas gulune, manut.

Gulu. 1 Gulu-ancak = gulune kewan-iwen ing perangan ngisor. 2 Gulu-banyak = gagange kêmbang gêdhang; bisa atêgês: gulu sing kaduk dawa. 3 Gulu janjang = gulu dawa nanging luwês. 4 Gulu nglunging gadhung Cd = gulu janjang sêmu mayuk mangarêp. 5 Gulu ngulan-ulan Cd = janjang. 6 Gulu kokok = kêncêng lan ngotot katon sêntosa. 7 Gulu gondhokên = gêdhe mawa lêlara, mblêndhuk lan êmpuk. 8 Anak pangulu = adhi pambarêp, kosok-baline: sumêndhi = kakang wuragil. 9 Gulune dirangkul gapyuk = dirangkul rêrikatan marga bangête sih-trêsna. 10 Pacak gulu = nglenggokake gulu (nalika njogêd). Gulu mênjing = kala mênjing, pungkasan gurung kang njêndhol. 12 Panèn mata pailan gulu Pb = sumurup pêpanganan warna-warna sing sarwa enak mirasa, nanging ora mèlu mangan (ora diwènèhi). 13 Dilakoni nêkak gulu Pt. = dilakoni nalèni gulu, direwangi kurang mangan (dhuwite dianggo ngragati panjangkane).

Kisas. Diukum kisas = diukum pati, lumrahe sarana ditigas gulune (dening singanagara).

Lênggak. 1 Lênggak-lênggak = tansah tumungkul atolah-tolèh. 2 Nglênggak = ndhangak karo nolèh. 3 Kalênggak = gulune lara marga nglênggak.

Lungayan. Rinangkul lungayanira Kw = dirangkul gulune.

Tênggak. 1 Ditênggak = diombe karo nglênggak, wadhahe utawa cucuking wadhahe ora kêgêpok ing lambe. 2 Panênggak = panggulu, anak nomêr loro. 3 Nênggak waspa Kw = ngêmbêng luh, rawat waspa.

--- 59 ---

Tigas. 1 Gulune ditigas pancing Pp = dikêthok mayat sapisan têrus tugêl. 2 Jarit sing tigas = anyar. 3 Tigas kawuryan Br = anyar katon, durung tau sumurup, durung têpung. 4 Tigas gagang Pt. = bakda diênèni têrus diêdol (tumrap pari). 5 Katigas sumangga jangga, kajonjang sumangga asta, katuwêk sumangga jaja = manawi badhe katigas gulu kula, kakêthok tangan kula utawi kacublês dhadha kula, sumangga.

XXI. GÊMBUNG LAN PERANGANE

Perangane gêmbung: andhêman, bokong, dhadha, gêgêr, pundhak, wangkong, wêtêng lsp.

Andhêman. Ngandhêmi kaluputan Br = ngakoni kanthi dhadhag (Andhêman = lêgokaning dhadha pênêr lan dununge ati, jantung).

Bokong. 1 Bokong tepos = ora mblêndhuk, lèpès, sabab kurang daging. 2 Bokong nyênthing = kêpara cilik rada nyonkat.nyongat. 3 Bokong bundêr = wangune ngèmpêri tampah utawa tèbok. 4 Bokong manjangilang = awangun kaya panjang-ilang (iki wangun sing apik dhewe). 5 Kandêl bokonge Et = sugih. 6 Kongêl = sikile dawa, gêmbunge cêndhak. 7 Kakkong = sikile cêndhak, gêmbunge dawa; dadi kosok-baline: kongêl. 8 Nyangga bokong Pt = wanita sing mèlu sêtiyar murih slamête sing lanang olèhe cêkêl-gawe.

Dhadha. 1 Dhadha-mênthok = dhadhane sato-kewan. 2 Dhadha manuk = dhadha sing mungal, kosok-baline: dhadha mringkus. 3 Ngilani dhadha Pb = ngina marang liyan. 4 Pandhadha = adhi panggulu; manawa anak lima, pandhadha uga kasêbut panêngah. 5 Aku sing ndhadhani prakara iku Pt = aku sing kudu tanggung-jawab yèn ana apa-apane. 6 Surasane layangmu wis dakdhadha Br = aku wis ngrêti surasane layangmu. 7 Enya dhadha êndi rai Br = ayo padha adu-arêp. 8 Apa kang ana ing kowe, tibakna daktadhahane dhadhaku (tamakna ing dhadhaku). 9 Sanadyan ngantos dumugi pêcahing dhadha wutahing ludira, kawula sêndika nglampahi Br = sanadyan ngantos dumugi ing pêjah pisan, sagah nindakakên. 10 Wilahan dhadha = wilahan gamêlan ing sadhuwure wilahan gulu. 11 Ora katon dhadhane = ora wani adu-arêp.

--- 60 ---

Dhodhok. 1 Dhokkur = ndhodhok + mungkur. 2 Dhodhok acung-acung Pb = ora nglakoni panggawe ala dhewe, nanging tuduh-tuduh omah sing prayoga dimalingi.

Jaja. 1 Jajabang mawinga-winga Cd = dhadhane mangangah abang kaya abange kêmbang worawaribang (Indonesia: bunga-raja). 2 Katuwêk sumangga jaja Br = nêdya dipatèni sarana dicublês dhadhane, manut (Maksude: asrah jiwa-raga). 3 Simbar jaja wulu-wawar Cd = dhadhane mawa wulu dawa-dawa. 4 Jajarumat Pb = ngrêrungokake pawarta lan nularake pawarta kang wis rinungu. 5 Suku jaja têkên janggut Br = kanthi rêkasa bangêt. 6 Têbah jaja tanya slira Br = ngusap dhadha karo ngunandika: "Gèk luputku wae apa?"

Gêgêr. 1 Gêgêr bucu = sêmu mandhukul. 2 Linggih nggêgêr Pt. = ora mingsêd-mingsêd. 3 Adu gêgêr Pt = ungkur-ungkuran lan gêgêre gathuk (lumrahe lungguh). 4 Dalane nggêgêr sapi Pp = têngah dhuwur ing pinggir êndhèk (mlêngkung). 5 Pinggirane klasa nggêgêr wêlut Pp = nglingir. 6 Golèkana gêgêre punglu Ib = mratelakake gawat lan angêle ngèlmu gaib. (Punglu = mimis).

Gembol. Darbe gembolan Et = duwe kaluwihan sing durung tau dituduhake marang liyan. 2 Sing digembol mrojol, sing dikandhut mrucut Pb = apa sing wis dinarbe ilang. 3 Digembol ora mrojol, dibuwang ora kumrosak Pt = pêpindhane kawruh utawa ngèlmu, diênggo ya kêna, ora diênggo ya kêna.

Gêmbung. Ora gêmbung ora irung Pb = mlarat lan ora nduwèni kaluwihan apa-apa.

Kandhut. 1 Ala kandhutane Et = ala watake. 2 Ngandhut 4 sasi = nggarbini, nggantung sari, mêtêng. 3 Ngandhut watu Pb = ngincim-incim marang liyan. 4 Ngandhut godhong randhu Pb = mencla-mencle gunême.

Kurêb. 1 Kumurêb ing abahan Br = masrahake pati-uripe. (Abahan = ganjêling gulu kang arêp ditigas). 2 Salumahe bumi sakurêbing langit Pt = sadonya kabèh, sajagad-rat. 3 Nglumahake ngurêbake Pb = bêbesanan kaping pindho, dhisike urun wadon banjur urun lanang. 4 Mbathok mangkurêb Pp = mlêngkung tumrap lumahing dalan, têngah dhuwur ing pinggir êndhèk. 5 Godhong mangkurêb lumahna, sing mlumah kurêbna Pt = golèkana sing titi. (Ukara iku lumrahe dingêndikakake dening ratu sing dhawuh ngupaya putri kang lolos saka kadhaton).

--- 61 ---

Lumah. Lumah tangan Pt = ora melu cawe-cawe.

Lungguh. 1 Ora kobêr lungguh Pt = ora kobêr ngaso, têrus nyambut gawe bae. 2 Gêdhe kalungguhane Et = gêdhe pangkate. 3 Nglungguhi klasa gumêlar Pb = kari nêmu kapenake, kabèh wis sarwa sumadiya. 4 Nglungguhi klasa pêngulu Pt = dialap bojo dening ipe kaprênah tuwa ing sapatine mbakyune.

Monthok. 1 Susune monthok = gêdhe mêntêr-mêntêr. 3 Malik monthok Pb = malih kayakinane, ora têtêp panêmune. 3 Monthok atine Pt = mongkog, mantêp bangêt.

Pundhak. 1 Pundhak brojol = pundhak awangun ndhêngklèh, mayat mangisor. 2 Pundhak nraju mas Cd = rata, padha kiwa-têngêne. 3 Njunjung pundhak Pt = nglairake ora ngrêtine marang bab sing ditakokake. 4 Nglangkahi pundhak Bs = matur marang dhêdhuwuran tanpa lantaran lêlurahe.

Pusêr. 1 Pusêrbumi Pd = nagarane Wong Agung Menak (Amir Ambyah, Jayènrana).Jayèngrana. 2 Pupak-pusêr Pt = coplok pusêre, pothèl pusêre. 3 Dina pupak-pusêr Pt. = dina kang kalima saka laire.

Silit. Silit-kodhok = pungkasane balung ula-ula. 2 Wêdi rai wani silit Pb = ora wani adu-arêp (wanine mung grundêlan ana ing buri bae).

Wangkong. 1 Miyak wangkong Pb = mbiyak wangkong = ngandhakake wadining liyan. 2 Nggêpok wangkong Pb = gunêman nganti ngrêmbug utawa nyrèmpèt cacade wong sing dijak gunêman.

Wêtêng. 1 Wêtêng dhedhuk Pt = wêtêng gêdhe ludhuk, wêtêng gêdhe akeh tadhahe pangan. (Dhedhuk = gêdhe ludhuk). 2 Gêndhewane ngadhal mêtêng Pp = kaya kadhal mêtêng, yaiku ing têngah gêdhe, kiwa-têngên mêrit. 3 Kasèp-lalu wong mêtêng sêsuwêngan Bs = kasèp bangêt (pêpindhane wanita, nalika isih prawan ora suwêngan, olèhe suwêngan barêng wis mêtêng). 4 Ngêbuk wong mêtêng Bs = ambêk-siya bangêt, sawênang-wênang bangêt.

Wudêl. Ora duwe wudêl Pt. = ora duwe nalar.

XXII. TANGAN

Dasanama: Tangan = asta, buja, bujaka, lungayan. Darwane tangan: 1 Ceko (cekoh) = bengkong lan ora kêna dilêncêngake. 2 Kwaga = cêndhak sêmu bengkong, nanging kêna ditêkuk [ditê...]

--- 62 ---

[...kuk] lan dilêncêngake. 3 Nggêndhewa pinênthang Cd = sikute nêkuk mlêbu. Pakartining tangan: nyêkêl, ngusap, kêplok, têbah, nyêmbah, ngêmpit, ndhodhog, mbapang, acung-acung, nyèrèd, ngêmpit, nabok, nyangga lsp. Drijining tangan: jêmpol, panuduh, panunggul, driji-manis, jênthik.

Asta. 1 Atawing asta Br = njêbèbèhake tangan ing sadhuwur mripat supaya ora silo pandulune. 2 Nikêl asta Br = nguncupakên asta = nyêmbah. 3 Kajonjang sumangga asta Br = manawi badhe dipun-kêthok tangan kula, sumangga; maksude pasrah pati-urip. 4 Tapak asta Ki = tandha tangan; uga atêgês: lorodan, turahan pangan. 5 Asta candhala Bs = cêngkiling, sênêng milara, ènthèngan tangan. 6 Diasta Ki = dicêkêl, utawa digitik. 7 Kajongjang sumangga asta, katigas sumangga jangga, katuwêk sumangga jaja = manawi badhe kakêthok tangan kula, katigas gulu kula utawi kacublês dhadha kula, sumangga.

Acung. Dodok acung-acung = nuduhake papan sing arêp dimalingi. (Dodok = saèmpêr têlik kongkonane pulisi utawa durjana).

Awe. 1 Sêdhakêp ngawe-awe Bs = katone mênêng, satêmêne sing ajak-ajak tumindak ala. Utawa: wis marèni padatane ala, satêmêne isih kapengin nindakake manèh. 2 Mulane jênêng para adoh ingsun awe, cêdhak ingsun rakêtake Br = mulane kowe ingsun timbali. 3 Sadêdêg sapangawe Pt. = sadhuwuring awak punjul sadawaning tangan diacungake.

Banda. 1 Gawene mung mbanda tangan Pt = ora gêlêm nyambutgawe. 2 Mbanda kalani Pt = nglawan, tur panglawane ora gampang dikalahake. 3 Rok-bandawala-pati Kw = pêrang tandhing nganti ana sing mati salah siji. 4 Lawanan banda Bs = mêmungsuhan karo wong sing apês. 5 Nagabanda Kss = arane têmbang Gêdhe.

Bapang. 1 Suwêng bapang (bapangan) = suwêng awangun njêbèbèh. 2 Layangan bapangan = layangan sing kaya mawa swiwi. 3 Ana bapang sumimpang Bs = nyingkiri prakara kang bisa gawe kurang prayoga (nyilakani).

Bau. 1 Bau-dhêndha Kw = têgêse lugu: alêngên gada, maksude: kuwasa bangêt. 2 Ratu nyakrawati bau-dhêndha Kw = ratu kang prasasat ngêrèh jagad (kuwasa bangêt). 3 Bau-laweyan = wong wadon sing darbe cacad dhêkik ing poking baune. 4.

--- 63 ---

Dana bau Pt = udhu bau, têtulung angkat-junjung tanpa ngalap opah. 4 Pagawean bau-suku = pagawean angkat-junjung. 6 Prasasat ilang baune têngên Pt = prasasat ilang kêkuwatane, marga wong sing dadi andêl-andêle wis ora ana. 7 Yèn kowe bisa nyêmpal bauku kiwa-têngên, kêna Sumbadra dadi garwamu (Sêsumbare Baladewa) = manawa kowe bisa ngalahake aku, kêna Sumbadra koboyong. 8 Saking jêjêging panggalihe Wrêkudara, sanadyan baune dhewe manawa salah iya disêmpal Pd = sanadyan sadulure dhewe manawa luput iya pinidana. 9 Enthèngan bau Pt = sênêng têtulung rumagang ing gawe. 10 Bandha bau Pt. = mung pawitan bau, tanpa kapintêran. 11 Bau-dhanyang = kayu sing tumamcêp ing saka lan nyangga blandar utawa pangêrêd. 12 Bau-sastra = buku kang ngêmot têgêse têmbung-têmbung. 13. Sawah sabau = ¼ jung = ¼ karya = ½ kikil = 2 lupit = 4 iring = 8 idu = l6 kêcrit = 500 ubin = kira-kira 7000 m2. l4 Sing mbau-rêksa = sing manggon lan nguwasani. 15 Bau kapine Bs = ora padha pangrêngkuhe marang siji lan sijine. (Pine = beda. Kapine = dibeda, digawe kacèk). 16 Dirgabau Pd = danawa mawa bau dawa sing ditatas tangane dening Ramawijaya nalika ngupaya Sinta, danawa malih warna dewa lan dhawuh marang Ramawijaya supaya mratapa ana ing wukir Rêksamuka. 17 Arjunasasrabau Pd = Ratu ing Maèspati (titising Wisnu). 18 Baurêksa = ratune baya aran Jalumampang.

Driji. 1 Adriji gunting (Gathutkaca) Pd = mawa driji sêntosa bangêt. 2 Ngêmut driji Pt = ora kêpanduman apa-apa. 3 Gêgêlang munggwing dariji Ws = ali-ali.

Jêmpol. 1 Gambarane jêmpol Pt = apik bangêt. 2 Kalêbu wong jêmpolan Pt = kagolong wong pêng-pêngan. 3 Olèhe njênthik arêp dijêmpol Pt = barang olèhe njaluk arêp dijaluk.

Junjung. 1 Njunjung ngêntêbake Pb = ngalêmbana, nanging ngêmu surasa ngrèmèhakle. 2 Dijunjung ing aluhur Br = sinêngkakake ing aluhur = diunggahake pangkate. 3 Pêrang junjungan Pd = pêrang tanpa gêgaman (sing kuwat njunjung mungsuhe, iku sing mênang).

Gayuh. 1 Nggayuh-nggayuh luput Pb = kang dijangka ora klakon. 2 Nggayuh tawang Pb = wong sèkèng darbe panjangka gêdhe

--- 64 ---

sing mokal kalêksanane. 3 Gêgayuhan luhur Pt = idham-idhaman utama.

Gêgêm. 1 Nggêgêm dhuwit. 2 Nggêgêm watu Pb = ngincim-incim nêdya namakake piwalês, nanging sinamun. 3 Nggêgêm tangan Pt = kêsèd, wêgah rumagang ing gawe.

Kanaka. 1 Kêthik kanaka Pt = ora tau nyambut gawe, kapenak uripe. 2 Sarpakanaka Pd = rasêksi putrane rêsi Wisrawa miyos saka Dèwi Sukèsi. 3 Yudakanaka Ws = pêrang buku,kuku. maksude kukur-kukur, sasmitane têmbang Pangkur. 4 Kalpa sru sêmune kanaka putung Pl = pralambange Sunan Mangkurat Têgalarum kang misuwur siya, nganti akèh andêl-andêling nagara kang tumêka ing tiwas marga pinidana. Kalpa sru, ngibarat: ora sugih pangapura; kanaka puthung, ngibarat: andêl-andêl kang padha dipatrapi paukuman nganti tumêka ing tiwas.

Kêmpit. 1 Ngêmpit Pt = ngêdolake baranging liyan tampa opah utawa bêbathèn. 2 Ngêmpit-ngindhit Pt = nyambut gawe kanthi repot, luwih saka sawarna. 3 Dikêmpit kaya wade, dijuju kaya manuk Bs = diopèni bêcik lan diwêlêg ing pangan.

Kêplok. 1 Panêmune kêplok Et = cocog. 2 Kêplok bokong Pt = nyuraki wong kasangsaran. 3 Kêplok ora tombok Pb = melu sênêng-sênêng, nanging ora melu kelangan wragad. 4 Kêplokana saka kadohan Pd = tontonên lan surakana saka ing kadohan (pêrange, olèhe ngadu tyasa).

Kojong. Sajimpit sakojong Pb = ora adil pangêdume, ana sing tampa sathithik, ana sing akèh.

Kuku. 1 Kuku pancanaka Pd = kukune darah Bayu. Dewa, manusa wanara sing kasinungan daya bisa mangrèh bayu (angin) padha mawa kuku pancanaka (Bathara Bayu, Wrêkudara, Anoman). 2 Sakuku irêng Pp = cilik bangêt; yèn ditrapake ing katrêsnan, katrêsnan sing ora êntèk-êntèk, widada; pêpindhane kuku irêng, dikêthok sore, esuk wis thukul manèh. 3 Angêt kemuku Pt = mangêt-mangêt.

Lêngên. 1 Gêdhèn-gêdhènan lêngên Pt = ungkul-ungkulan karosan, ngadu karosan. 2 Mêrang lêngên Pb = ngungasake kuwanèn lan kadigdayan sarana mêrang lêngêne dhewe, ngêmu surasa nantang.

Pikul. 1 Sapikul sagendhongan Pb = dundum waris miturut wêwaton: pandumane wong lanang tikêl lorone pandumane wong wadon. 2 Mikul dhuwur mêndhêm jêro Bs = agawe kuncarane wong-tuwa (bapa-biyung). 3 Ali-ali gunung sapikul = ali-ali amripat têlu. [têlu...]

--- 65 ---

[....]

Putung. 1 Sumbare kaya bisa mutung wêsi bligèn Pt = sumbare mêmêdèni (Gligèn = gilig + an = giligan, gligan, mingsêd dadi: gligèn). 2 Sing malang-malang putung, sing rawe-rawe rantas Br = kabèh sing ngegol-egoli sêdyane, kêna disirnakake. 3 Putung kasawatna, rêmuk kasawurna Pd = prasêtyane punggawa marang ratu, lumrahe punggawa kang nêdya nindakake ayahaning ratu mapag yudaning mungsuh; maksude: manawa nganti kalah karo mungsuh pratandha ora pantês tampa kapracayan, suka-rila diêjura pisan dening Sang Prabu.

Sangga. 1 Disangga pangane Pt = diwènèhi pangan. 2 Atine sangga-runggi Pt = sujana, ora pati pracaya. 3 Ora kêna disangga miring Pt = ora kêna digêgampang. 4 Abot sanggane Pt = ora gampang. 5 Sinangga krama Pt. = dienaki ing rêmbug supaya sênêng. 6 Arang kang kuwawa nangganyangga. yudane Br = arang-arang sing kuwat nandhingi, langka sing kuwat nglawan pêrang. 7 Sangga wang = wange disangga ing èpèk-èpèk. 8 Panggung sangga buwana = arane panggung Surakarta, isi sêngkalan atêgês taun 1198 (pa agung utawa murda 8, song 9, ga 1, buwana 1).

Sèrèd. 1 Payung sèrèd Pt = payung upacara sing mawa corak putih, kuning lsp ing pinggire. 2 Adu jago seredan Pt = jago sing kalah dadi darbèke wong sing mênang jagone. 3 Nyèrèd pring saka pucuk Bs = pagawean gampang dadi angèl, marga kliru caraning panggarape.

Sikut. 1 Sikut pêtèlpêthèl. Pd = sikut kang sêntosa bangêt (Gathutkaca). 2 Disikut Pt = dikon lunga, diêndhih, diganti dening wong liya pangkate, kalungguhane lsp). 3 Gêdhe sikute Pt = akèh tampane dhuwit mirunggan (kajaba pamêtu utawa blanjane sing baku). 4 Ngrabèkake sikut Pb = priya njarag senggolan karo wanita utawa kosok-baline (ana ing papan rame).

Tangan. 1 Lumah tangan Pt = ora mèlu cawe-cawe, mulane moh mèlu tanggung-jawab.2 Usap tangan = kacu. 3 Dawa tangane Et = climut. 4 Kakèhan tangan Pt = pagawean wis diêmèk (digarap) dening wong pirang-pirang gênti-gêntèn. 5 Enthèngan tangan Pt = sênêng milara (nganggo tangan), cêngkiling. 6 Angon ulat ngumbar tangan Pb = maspadakake ulating liyan ditangguh limpene nêdya dikutil barange. 7 Nabok nyilih tangan Bs = namakake panggawe ala sarana kongkonan. 8 Têmu tangan Br = panggih asta Ki = ijab, dhaup. 9 Ditampani tangan loro Pt = ditampani kanthi sênênging ati. 10 Sida karasa ing tangan Br = dipilara. 11 Tanganmu êgarna PPl. = kowe nyambut-gawea. 12 Dawa tangane = climut.

--- 66 ---

Cangklak. 1 Satru munggwing cangklakan Pb = mungsuh kang kacêdhak (isih sadulur, nunggal pagawean lsp). 2 Nyangklak bangêt yèn aku lêlayanan dhewe karo panjênêngane, mulane prayoga lantarna Pt = marga pangkate luwih gêdhe, bangêt tinimbang pangkatku, aku ora têkan arêp lêlayanan dhewe karo panjênêngane, mulane njaluk lantaran kowe.

Cekoh. 1 Cekoh kokoh Pt = dhokoh lan sêngkut bangêt pamangane. 2 Cekoh regoh Pt = wis ora bisa nggêlawat, marga wis tuwa bangêt.

Cingkluk. Gawene cingkluk ing pasar Pt = ngêmis, pêpriman.

XXIII. SIKIL

Dasanama: 1 Sikil = suku, sampeyan, panjênêngan, pada, samparan, carana, jêng. 2 Lumaku = lumaksana, lumaksita. lumaris, lumakswa, lumampah, tumindak. 3 Tapak = lari, lacak, tepak, tilasing. Darwaning sikil: 1 Impur = yèn mlaku dhêngkule mlêbu (arêp gathuk). 2 Wagah = yèn mlaku dhêngkule manjaba (mangun aksara O). 3 Kêncèt = sikile sing siji luwih dawa tinimbang sijine. 5 Lumpuh = ora kuwat nyangga awak, satêmah ora bisa mlaku. Pakartining sikil: lumaku, lumayu, njêjak, mancal, nêndhang, ongkang-ongkang, ngidak, sila lsp.

Adêg. 1 Adêg-adêg = praboting aksara Jawa, uga diarani ada-ada. 2 Adêg-adêg antêp = anggêr ngadêg banjur tiba. 3 Adêg-adêg saka = mubêng sêsêr katone nganti kaya ora obah. 4 Ngadêg jêjêg pindha tugu sinukarta Pp = ngadêg jêjêg tanpa obah kaya rêca. (Sinukarta = dipundhi-pundhi, diaji-aji. Kaya tugu sinukarta = kaya tugu sing diaji-aji, yaiku kaya rêca). 5 Mati ngadêg Pt. = mati isih nggêjêjêr (saka wêdine karo mungsuhe, marga kagèt lsp). 6 Madêg senapati = dadi senapati. 7 Ngêdêgake sayêmbara = nganakake sayêmbara.

Bêgagah. 1 Sikil mbêgagah = mêngkang, mêthanthang. 2 Tinimbang mati mringkus luwih bêcik mati mbêgagah Pt. = tinimbang nungkul marang mungsuh (ora wurung tumêka ing pati marga dipatèni utawa mati-ngênês dening disiya-siya), aluwung mati marga lumawan ing pêrang.

Dlamakan. Dlamakane sajari miring Cd = dlamakane tipis bangêt (putri).

Drojog. Dumrojog tanpa larapan Br = (têkane, sowane) ora nganggo lantaran, marga ora ngaturi priksa ing sadurunge.

--- 67 ---

Dugang. 1 Didugang = ditêndhang nganggo pucuking dlamakan. 2 Dugang mirowang Pb = sing sakawit ngrewangi, wasanane dadi mungsuh.

Dhêngkul. 1 Pawitan dhêngkul Pt = ngabotohan tanpa pawitan dhuwit, sing dianggo udhu totohan olèhe utang mungsuhe ngabotohan. 2 Ngikêt-ikêti dhêngkul Bs = ngopyahi dhêngkul, nasabi dhêngkul = mikolèhake sanak-sadulur. 3 Dhêngkul ikêt-ikêt Bs = wong bodho didadèkake pangarêp (lumrahe marga isih sadulur). 4 Landhêp dhêngkul Pt = wêlu bangêt atine, ora gathèkan, ora lantip. 5 Adhêngkul paron Pd = dhêngkule sêntosa bangêt (Gathutkaca). 6 Wis sadhêngkul Bldh = wis wayahe kêna dirangkul (tumrap bocah wadon), têgêse wis ngancik diwasa. 7 Gawene mung ngêkêp dhêngkul Pt = ora gêlêm rumagang ing gawe. 8 Kêndhangan dhêngkul Pt = ngenak-enak ora nyambut gawe (marga pagaweane wis rampung).

Jajah. 1 Ngrupak jajahaning mungsuh, ngêlar laladaning rowang Pd = nêlukake mungsuh lan nagarane diaturake marang gustine (ratune). 2 Njajah desa milang kori Pb = njajah têkan ing ngêndi-êndi, dalasan papan sing kurang wigati mêksa disatitèkake kaanane.

Jangkah. Isih amba jangkahe Pt = isih akèh sing dijangka; isih bisa njangka sing muluk-muluk.

Jêjêg. 1 Pangadilane jêjêg Et = adil, ora bau kapine. 2 Pikirane ora jêjêg Et = rada edan. 3 Njêjêgake adêging praja Pt = agawe kuwating nagara. 4 Kêndhile ora jêjêg Pt = kurang mangan, ora bisa ngliwêt akanthi ajêg.

Jinjang. Jinjang api goyang Pb = api-api pracaya, sajatine ora ngandêl.

Entar (mentar). Mentar palayangan Bs = lunga têkan ngêndi-êndi tanpa jujug, ngumbara.

Idak (pidak). 1 Midak ilat Pd = kurang ajar. 2 Pidak padarakan cèkèl longaning bale Br = turune wong asor, sudra. 3 Pidak sikil jawil mungkur Pb = wong kang wis kêkêthikan. 4 Ora kêna kêpidak wayangane Pt = ketoke kaya ora duwe kêkuwatan (marga saka alusing tindak-tanduke). 6 Midak supata Pb = nêrak wêwalêre dhewe. 7 Ngidak gêni blubukan Bs = nêmu cilaka marga saka kurang wêweka.

Layu. 1 Sirna marga layu Br = mati. 2 Lêlayu = tumbak kang pucuke mawa gêndera cilik. 3 Klayu = kapengin mèlu. 4 Nglayoni = ngabari bab kêsripahan. 5 Mlayu ngêmprèt = têgêse lugu: mlayu karo muni prèt-prèt (kaya unine gajah), maksude: mlayu bantêr bangêt. 6 Mlayu sipat kuping = lonjong

--- 68 ---

botor, lonjong êndhog, lonjong mimis, lumayan bantêr bangêt. 7 Mburu lumayu Bs = ngarah barang kang nglêngkara bisane kêna. 8 Ngaturake kidang lumayu Bs = nuduhake kamelikan kang nglêngkara bisane kêcêkêl. 9 Dhadhakan nglayoni = rêmbug kang ngèrèni, rêmbug susulan kang murih wurunge lsp.

Laku. 1 Laku ngiwa Pt = atindak sèdhèng (tumrap wanita). 2 Turune wong ahli laku Pt = turune wong sênêng tirakat (pêndhita). Têmbung "laku" ing ukara iku ora atêgês lakuning suku, nanging lakuning kalbu. 3 Nulada laku utama Pt = nirua tindak kang luhur. 4 Wong sing lara wis lêlaku Pt = sêkarat. 5 melua salaku jantrane Pt = apa sing ditindakake kowe melua nindakake. 6 Sumur lumaku tinimba Bs = wong sing kumudu-kudu ditakoni. 8 Gawene nglakokake dhuwit Et = ngutangi dhuwit sing panyaure mawa anakan. 9 Kêbo lumaku dipasangi Bs = wong sing njarag supaya diwènèhi pagawean abot. 10 Dohe lakon karo gêthèk Pt = dohe manawa dilakoni dharat mbutuhake wêktu 1 ½ awan. 11 Manggung dadi lakon Pt. = tansah ngalami ora kapenak, sangsara. 12 Dhalang ora kurang lakon Pb = wong iku lumrahe ana-ana bae akale, ora bisa kêntèkan akal. 13 Trimaa sing nglakoni mangsa trimaa sing momong Pt = sanadyan wong sing disiya-siya trima, Gusti Allah mêsthi ora bakal marêngake lan bakal malêsake. 14 Lakon Bratayuda Pd = lakon wayang nyaritakake pêrange darah Barata (Pandhawa karo Kurawa). 15 Panah salakon = cacahe papat. 16 Krêtu cilik salakon = 120. 17 Krêtu gêdhe salakon = 52. 18 Domino salakon = 28. 19 Keputungan laku = ora bisa nêrusake ihtiyare. 20 Sastralaku = patrape maca utawa gunêman, aksara swara diucapake mawa aksara sêsigêg ing wêkasane têmbung sangarêpe.

Laksana. 1 Darma sulaksana Pb = atindak adil, alaku bêcik. 2 Teja-teja sulaksana Kw = kang acahya sumunar kaya teja, satriya. 3 Bèrbudi bawa laksana Br = sênêng wèwèh lan nêtêpi kang dadi ujare.

Lampah. 1 Sêkar agêng Rêtnamulya lampah 12 = sabên sapada-pala ana 12 kêcap; sarèhne têmbang gêdhe iku ana 4 pada-pala, dadi gunggunging kêcape ana 4 x 12 = 48 kêcap, 2 Sastra lampah = Mr. sastra laku.

Langkah. 1 Nglangkahi sadulur tuwa Pt = ndhisiki omah-omah, olèhe omah-omah luwih dhisik tinimbang sadulure tuwa. 2 Nglangkahi titir Bs = nyêkêl durjana tanpa pamit marang wong sing nguwasani panggonan dununge durjana.

--- 69 ---

Lacak. 1 Kelangan lacak Pt = ora bisa têrus nglari (nggolèki) sarana nurut lacake. 2 Kêlacak kêpathak Bs = wong ala kang wis ora bisa ngungkiri kaluputane amarga wis kêbuktèn.

Lumpat. 1 Lumpat kidang Pb = ora urut lan ana sing diliwati. 2 Dipalangana mlumpat, didhadhunga mêdhot Pt = ora kêna diêndhakake karêpe. 3 Nglumpati sadulure tuwa Pt = ndhisiki omah-omah, nglangkahi. 4 Kêbo lumumpat ing palang Bs = ngadili prakara ora manut undhang-undhang kang wus ditêtêpake.

Lumpuh. 1 Lumpuh ing sastra Et = wuta ing sastra, ora bisa maca lan nulis. 2 Korêpsi iku nglumpuhake nagara Et = agawe ringkihing nagara. 3 Lumpuh ngidêri jagad Bs = wong sèkèng nanging pikirane lunja-lunja njangka sing sarwa nglêngkara.

Lunga. 1 Lunga pêrang putung watange Pl = pralambange Radèn Fatah nênêlukake para adipati kang durung ngrasuk Islam dibiyantu para Wali lan para mukmin, akèh wong mukmin sing tumêka ing tiwas. 2 Alêlungan datan kongsi bêbasahan kêsêlak kampuhe bêdhah Pl = pralambange Radèn Jaka Tingkir, jumênênge ratu durung ngalami mukti wibawa kêsêlak seda.

Murang. 1 Murang marga Et = têgêse lugu: nyimpang dalan, ora ngambah dalan sing satêmêne, maksude: atindak ala. 2 Murang sarak Et = nyimpang saka sarak (saraking agama), atindak ala (ora manut pitutur). 3 Murang krama Pt = murang tata, nyimpang saka tata-krama, diksura.

Ongkang-ongkang. Gawene mung ongkang-ongkang Pt = ora nyambut gawe, mung prentah-prentah bae.

Pada. 1 Pada kang kanggo ing adangiyahe layang-kiriman warna têlu: I Pada andhap ... tumrap layang marang wong tuwa (dhêdhuwuran). II Padamadya ... tumrap layang marang sapadha-padha. III Pada-luhur ... tumrap layang marang wong nom (andhahan). 2 Pada kang kanggo ing têmbang (kang tinulis ing sastra Jawa) warna papat: I Pada-gêdhe, awujud pada-madya ... kanggone ing sabên wêkasaning padane têmbang, unine mangajapa. II Purwa-pada ... kanggone ing wiwitaning carita kang sinawung ing têmbang unine bêcik. III Madya-pada ... kanggone ing wêkasane pupuh manawa arêp ganti pupuh anyar, unine mandrawa, têgêse: tangèh [ta...]

--- 70 ---

[...ngèh] utawa adoh (tangèh tumêkane tamat). IV Wasanapada ... kanggone ing wêkasane carita kang sinawung ing têmbang, unine iti. têgêse tamat. 3 Têmbang sapada = salagon (Indonesia: sebait). 4 Pada lingsa = pada siji (kanggo panutuping gatra). 5 Pada lungsi = pada loro, kanggo panutuping ukara. 6 Pada pangkat = pada kang dianggo ngapit-apit angka Jawa, utawa dianggo tandha manawa arêp nyêbutake barang luwih saka loro kanthi urut-urutan lsp. 7 Pada pacak = awujud das ingapit-apit pada lungsi, dianggo panutup ing crita gancaran kang tinulis ing sastra Jawa. 8 Sapada-pala = salaku (salampah), saperangane têmbang Gêdhe utawa têmbang Kawi. Têmbang Gêdhe iku sabên salagon (sêbait) mêsthi ana 4 padapala = padadirga = 1 padeswara. 9 Ngaras pada Br = têgêse lugu: ngambung sikil, maksude: ngèstu pada, nyêmbah. 10 Sadpada Kw = kewan asikil nênêm (gangsir, jangkrik, lalêr lsp). 11 Pada-wadana = golonganing rai, rupa. 12 Marcapada Kw = janaloka, manuswapada, alam-donya. (Pada = panggonan). 13 Ngraup pada Br = ngrungkêpi sikil (lumrahe marga rumangsa kaluputan, njaluk pangapura).

Padal. 1 Madal tamba Pt = ora ana tamba sing bisa agawe warasing larane. 2 Madal sumbi Pb = madoni prentah kang atêgês ora tumuli nindakake pakon. 3 Madal pasilan Br = lunga saka ing pajagongan utawa pasewakan. (Sawênèh ana sing ngandhakake: madal pasihan, iku ora bênêr). 4 Madal wicara Pb = madoni dhawuh.

Pancal. 1 Pancal panggung = sikile papat pisan mawa ulês putih, nanging ulêsing awake ora putih (tumrap jaran). 2 Kêpancal sêpur Pt = kasèp ing angkate sêpur, kêtinggal sêpur. 3 Mancal donya Pt = tinggal donya, mati. 4 Wanita mancal priya Pt = wong wadon ngêmohi marang sing lanang. 5 Prau mancal = mangkat lêlayaran. 6 Mancal kêmul Pt = mangan ing wayah sore (ora patia warêg). 7 Nyêmpal sambi mancal Bs = njupuk barange wong sing dipondhoki (utawa wong sing tunggal saomah) banjur lunga.

Para. 1 Pêpara = lunga midêr-midêr prêlu ngenggar-enggar ati sarana bêdhag-pikat. 2 Mara-awak Pt = mara-bau = têka ing omahe wong prêlu rewang nyambut gawe, nanging ora nggawa piranti. 3 Mara-uni Pt = têka ing omahe wong sing lagi repot (dandan-dandan) ora têtulung, mung prêlu ngobrol. 4 Mara dagang ing pasar = dêdagangan ana ing pasar. 5 Mara dhayoh = têka ing omahe wong prêlu tilik lsp. 6 Mara tangan Pt = milara nganggo tangan. 7 Janma mara mati, sato mara mati Br =

--- 71 ---

papan sing sangar bangêt, manawa ana manusa utawa kewan sing ngambah ing papan iku tumêka ing pati. 8 Piring para Pt = piring ala, dudu piring adèn-adèn.

Sandhung. 1 Sandhung jêkluk tiba kabruk mung si ... = sing tansah diucapake mung si ... (marga saka bangêting trêsnane). 2 Akèh sandhungane Et = kêrêp nêmu alangan. 3 Sandhung-lamur = daging rajakaya kang dumunung ing dhadha. 4 Sandhung watang Pt = prakara sing ora kêna ditêrak, manawa ditêrak ana arale. 5 Nyandhung cêpaka sawakul Pb = olèh kabêgjan gêdhe tanpa kinira ing sadurunge. 6 Kêsandhung ing rata kêbêntus ing tawang Pb = nêmu bêbaya sing ora dinyana-nyana babar pisan. 7 Satriya kêsampar-kêsandhung Pl = Satriya kang kasêbut ing Jangka Jayabaya bakal jumênêng Ratu ing nagara Kêtangga (alas Kêtangga); sadurunge jumênêng wong-wong akèh sing kêtambuhan, marga Sang Sinatriya ora ngatonake kasatriyane. Ya Satriya iku kang kasêbut uga ana ing parlambang "Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt".

Sikara. Gêndhak sikara Pt = mialani wong, ganggu-gawe marang liyan.

Sikil. 1 Sikil bumbung mata laron Pt = unèn-unèn sing lumrah dianggo mêmoyok gajah. 2 Dadi sikil Pt = marakake bola-bali kudu lumaku marani, niliki lsp. 3 Sikil digawe êndhas, êndhas digawe sikil Pb = kanthi rêkasa bangêt, bêbasan nganti nungsang njêmpalik.

Sila. 1 Sila panggung = silane wanita, dhêngkul ora nggêpok jogan. 2 Sila timpuh = silane wong sêmbahyang, bokonge sinangga dlamakan. 3 Sila tumpang = silane dhalang, sikile têngên tumumpang ing sikile kiwa. 4 Trap-sila = trap (patrap) + sila (bêcik) = patrap bêcik. 5 Pancasila prakara bêcik warna lima, yaiku: kabangsan, kasucian (kêtuhanan Yang Maha Esa), kamanungsan (Perikemanusiaan), panguwasaning rakyat (kedhaulatan rakyat) lan kaadilan (keadilan sosial). 6 Susila ing warna Br = bagus (ayu) rupane. 7 Sila mabukuh tumungkul amarikêlu, muka kadya konjêm bantala Br = lungguh sila akanthi urmat tumungkul bangêt, raine kaya mèpèd ing lêmah. 8 Susila anor-roga Br = warnane bagus (ayu) tur andhap-asor. 9 Susila tyase ngumala Br = rupane bagus (ayu) tur luhur ing budi. 10 Nambutsilaning akrama Br = omah-omah. jêjodhoan, kawin.

Suku. 1 Suku-dirga = suku-mêndut = sandhangan suku kang aswara dawa. 2 Ngraup suku Br = ngrungkêbi sikil, lumrahe marga rumangsa kaluputan (njaluk pangapura). 3 Sidhakêp asuku

--- 72 ---

tunggal, nutupi babahan hawa-sêsanga Br = carane muja samadi, tangane sidhakêp, sikile dadi siji (rapêt), kabèh dalane hawa-napsu kang cacahe 9 ora makarti. (Babahan hawa-sêsanga yaiku: mripat 2, kuping 2, cangkêm 1, bolongan irung 2, palanangan utawa pawadonan 1 lan jubur 1). 4 Suku jaja têkên janggut Br = kanthi rêkasa bangêt. 5 Ora ketang nglimang sukoni Pb = sanadyan kanthi rêga larang mêksa daktêmpuh (daksêrang). 6 Disuku = ditrapi sandhangan suku (tumrap aksara Jawa).

Tapak. 1 Tapak jalak = corekan prapatan minangka lêlirune tandha tangan. 2 Tapak-paluning pandhe Br = kabèh gêgaman kang saka wêsi. 3 Tapakdara = kayu sanggan dêbog sing dianggo nyimping wayang. 4 Tapak-asta Ki = tandha-tangan, uga atêgês: turahan pangan (lorodan). Sawênèh ana sing nêmbungake: tapak asma, iku luput. 5 Tinggal tapak jêro Bs = ora nêtêpi kasaguhan. 6 Tumapake sasi iki = tanggale siji sasi iki. 7 Tumapaking gawe = wiwit tumindaking gawe. 8 Nggolèki tapake kuntul anglayang Ib = ngulati (maksude: nyumurupi) kêplasing nyawa. 9 Napak tilas Pt = nganggo cara kaya carane wong sing diganti kalungguhane. 10 Gênti tapak Pb = wong mangan kang gênti ajang, ajang siji dianggo wong loro gêntenan: uga atêgês: wong loro kang lakune untap-untapan bae.

Tilas. 1 Tanpa tilas Pt = tanpa lari, tanpa tabêt, ora ana tandha-tandhane babar pisan. 2 Ngalap tilasane Suta Pt = ngêpèk randhane Suta. 3 Mbuwang tilas Pt = nindakake apa-apa dianggo nutupi panggawe ala sing mêntas dilakoni. 4 Namunnamur / nawur. tilas Pb = ngidaki tapake maling, ngilangi tapaking durjana. 5 Napak tilas = Mr. tapak.

Tindak. 1 Tindak macan lupa Cd = laku macan luwe yaiku lêngkèt-lêngkèt obah ngiwa-nêngên mêndat-mêntul. 2 Satindak sapêcak Pb = doh-cêdhaking sadulur; sadulur sing wis adoh ngibaratake satindak, sing isih cêdhak dingibaratake sapêcak. 3 Gliyak-gliyak yèn tumindak Pt = sanadyan kanthi alon nanging têrus ditandangi, suwe-suwe mêsthi klakon rampung. 4 Ngêdohake tindak dudu Pt = nyingkirana panggawe ala, aja nglakoni panggawe ala.

Trajang. 1 Nrajang gawar Pb = nêrak undhang-undhang nagara. 2 Nrajang grumbul ana cèlènge Bs = njarag ngambah papan kang ana bêbayane.

Tracak. Kewan atracak wungkul = kewan atracak siji (jaran, kuldi lsp), kosok-baline: kewan atracak bêlah, yaiku kewan kang tracake mawa sigaran (kêbo, sapi lsp).

--- 73 ---

Tut. 1 Tut wuri ndayani Pb = panuntun (Guru, wong tuwa) kang mènèhi kamardikan bab ada-ada marang sing dituntun, mung mènèhi pituduh utawa pamrayoga ing saprêlune, nanging bisa njalari gêdhening wohe ada-ada mau. (Ada-ada = inisiatip). 2 Nututi balang wis tiba Bs = nusuli gunêm kang wis diucapake utawa kasaguhan kang wis dijanjèkake. 3 Nututi layangan pêdhot Bs = ngarah baline barang sapele kang wis ilang, saupama sêdyane bisa kalêksanan ora gathuk karo rêkasane. 4 Rasa ngangsu, randha loro anututi pijêr atukar Pl = pralambange satriya oncat saka praja yaiku P. Mangkubumi lan Radèn Mas Said, ingêlud wadyabalane S. Pakubuwana III lan saradhadhu kompêni kang kurang saiyêg, wasanane P. Mangkubumi jumênêng Sultan Hamêngkubuwana I lan R. M. Said jumênêng P. Mangkunagara I.

Cèkèh. Cèkèh mêkèkèh Pt = sikil kang manawa dianggo mlaku katon mênga amarga engkar.

Colot. Colotan lan cablèkan Pb = wong ngêdolake baranging liyan olèh ujuran saka wong sing prentah ngêdolake lan uga saka wong sing nuku barang iku.

Undur. 1 Mundur mapan Pt = ulah mundur (prajurit), mundure marga prêlu mranata gêlaring baris murih prayogane, ora marga nêdya mlayu. 2 Mundur palarasan Br = lunga saka ing pajagongan (pasowanan) tanpa pamit. 3 Mundur uncêg Bs = kêkarêpan kang têrus ngangsêg, ora ana mêndhane. 4 Ngunduri tuwa Pt = sangsaya tuwa. 5 Kêkarêpane maju-mundur Et = ora mantêp, sajak gojag-gajêg. 6 Maju ewuh mundur kêpaluh Pb = yèn sêdyane ditêrusake mêsthi bakal ngalami ora kêpenak; yèn diwurungake mêsthi bakal kapitunan. 7 Undur-undur = arane kewan sagara bangsane yuyu. 8 Jame diundurake Et = digawe luwih rindhik (rêmbên).

XXIV. KULIT, DAGING

Dasanama: Kulit = walulang, wacucal, carma, kusika. Guluh = bolot, dhangkal, rêrêgêd sing tumèmplèk ing kulit.

Bolot. 1 Kulite kokot-bolotên Pt = akèh bangêt guluhe, katon rêgêd bangêt. 2 Ngadhêp cèlèng bolotên Bs = sêsrawungan karo wong awatak ala.

Busik. 1 Tan busik Kw = ora tata sathithik-thithika. 2 Adol lênga kari busik Bs = dundum barang, awake dhewe ora kêpanduman.

Daging. 1 Kumêd daging Pt = ora bisa lêmu, sanadyan ora kurang mangan. 2 Nitipake daging saêrêp Pb = têtêmbungan kang lumrah diucapake dening wong kang masrahake anake wadon [wa...]

--- 74 ---

[...don] marang wong lanang kang ngalap bojo. 3 Mêwahana ratdaging kayuwanan Br = (pangèstunipun gusti) ndayanana indhaking urat lan gading (maksude: kêkuwatan) tuwin kawilujêngan. (Kayuwanan = ka + yuwana + an = kaslamêtan, karahayon). 4 Kêdagingan Pt = kêtaton nganti kiris têkan ing daginge.

Dhèndhèng. 1 Maling dhèndhèng Bs = nyidra asmara. 2 Kucing sandhing dhèndhèng Bs = priya kumpul karo wanita ora wurung gampang tuwuhe pakarti kang kurang prayoga.

Jangêt. Jangêt kinatêlon Pb = pirukunan kang sêntosa bangêt. Ing jaman biyèn ana pirukunan kang diarani "Jangêt kinatêlon", yaiku pirukunan (pakumpulan) kang diêdêgake dening R. M. Suwardi Surjaningrat (Ki Adjar Dewantara), Dr. Tjiptamangunkusuma lan Walanda-Indo aran Douwes Dekker (Setyabudi). Jangêt = tali sing digawe saka walulang.

Gajih. 1 Nggajih = akèh gajihe (marga lêmu). 2 Mênangi gajih Pb = mênangi kapenake, ora melu nglakoni rêkasane.

Kulit. 1 Kulit-ayam = kulit kang tipis bangêt (lapisan kulit kang dhuwur dhewe). 2 Gêdhèg kulitan = gêdhèg saka kuliting pring, kosok-baline: gêdhèg atèn-atèn. 3 Kandêl kulite Pb = kandêl kupinge = ora idhêp isin. 4 Isih mambu kulit Pb = isih kalêbu sadulur. 5 Mitra kinulit-daging Pb = mitra kang wis manjing dadi sadulur. 6 Wayang kulit = wayang walulang, wayang sing digawe saka walulang, kayata wayang Purwa.

Lulang. 1 Pindhang lulang Ws = krècèk (ukara candhake lumrahe muni: kacèk apa aku karo.. ). 2 Kêkudhung walulang macan Bs = nganggo aling-aling wong sing nduwèni panguwasa (sêngadi diutus didhawuhi lsp.), supaya bisa kalêksanan sedyane. 3 Dagang lulang bolong, dhuwite kumrompyong, dagangane ora kalong Pt = têtêmbungan kang dianggo nyênyamah wong wadon palanyahan utawa lonthe (Indonesia: perempuan lacur).

Mayang. 1 Disêndhal mayang Pd = dicabut nyawane dening dewa kanthi dadakan, kayata: Pandhudewanata. 2 Mayangkara = Bagawan Kapiwara, yaiku jêjuluke Anoman sawise mbêgawan, barêng wis tuwa..

Carma Ngagêm trumpah madukacarma Pd = mawa trumpah saka walulang. Madukacarma = am + paduka + carma = têmbung iku satêmêne wis atêgês: mawa trumpah walulang. Paduka = trumpah.

XXV. RAMBUT, WULU,LAR

Dasanama: Rambut = rema, wèni, kesa, roma, sinom, jatha (uga atêgês, siyung).

--- 75 ---

Atêgês rambut (mawa rambut utawa wulu): Alis (imba) sadhuwure mripat. 2 Idêp (ibing) ing tlapukan. 3 Sinom (weni) ing dhuwur bathuk. Yèn sing cêndhak-cêndhak jênênge kêtêp. 4 Lungsèn = rambut ing sadhuwure bathuk gadhuk karo gêlung (sing mawa lungsèn kayata Janaka). 5 Athi-athi ing sandhing kuping. 6 Brêngos ing sadhuwuring lambe. 7 Godhèg ing pipi. 8 Cambang sing ngêbaki pipi. 9 Jenggot ing janggut. 10 Wok ing tênggok (sangisore janggut). 11 Simbar utawa bris ing dhadha. 12 Ingus ing sajrone irung. 13 Jêmbut ing pawadonan utawa planangan. 14 Kèlèk ing cangklakan. 15 Wulu-puhun utawa wulucumbu ing jêmpol sikil. 16 Wulu-kalong utawa wulu-langsêp, wulu lêmbut alêmês. 17 Wulu-sètan, rambut (wulu) sing dununge manjila. 18 Brewok = godhèg kêtêl dawa. Wangune gêlung. 1 Kondhe = gêlung lumrah (wanita Indonesia sing akèh-akèh agêlung kondhe). 2 Têkuk = gêlung sing mung ditêkuk bae, pucuke dislêmpèdake ing poking rambut. 3 Kadhal-mènèk = gêlung-têkuk sing pucuke dislêmpèdake ing jungkat. 4 Gêlung bungkus = gêlunge wanita Tionghwa. 5 Gêlung bokor = gêlunge pangantèn. 6 Gêlung Ciyodha = gêlung loro (wanita Pasundhan). 7 Gêlung federal = gêlung bundêr ing têngah bolong. 8 Gêlung pare karantan = gêlung sing pucuke diklèwèrake.

Gelung wayang: 1 Gêlung kêkêling = kaya gêlunge wong Kêling, kayata gêlunge Puntadewa. 2 Gêlung minangkara utawa gêlung supit-urang = gêlung kang wangune kaya angganing urang diplêngkungake, kayata gêlunge Janaka. (Minangkara = minangka + sêsêlan in. Mangkara Kw = urung). 3 Gêlung gêmbêl = mlêngkung kaya gêlung minangkara, nanging ing têngah rapêt akêkêt, ora bolong kaya gêlung minangkara, kayata gêlunge Jayadrata.

Alis. 1 Dangir alis Pt = kêrik alis, digawe supaya wangune bisa nanggal sapisan. 2 Alis nanggal sapisan Cd = njlirit kaya wangune rêmbulan nuju tanggal siji (sasi Jawa). 3 Wêlas tanpa alis Pb = iku paribasan sing wis kêlantur, bênêre muni: wêlas têmahan lalis = wêlas marang liyan kang wusanane agawe kasangsarane. 4 Alise ngroning imba Cr = kaya ron imba, tipis anjlirit. 5 Alis nyingkal Cd = kaya singkal, yaiku alis sing kandêl bangêt. Singkal = peranganing wluku sing ditancêbi kêjèn). 6 Ngincangake alis Pt = ngobahake alis (obahe mandhuwur). 7 Kêgiwang kincanging alis Pt = kêpencut mêmanising wanita. 8 Tikêl alise Pt = gathuk alise kiwa lan têngên, amarga nêpsu. 9 Mung saalis Pp = mung

--- 76 ---

sajlirit, cilik bangêt, upamane tumrap iris-irisan jênang. 10 Mawa sipat alis = nganggo pulas irêng ing alise (sing digawe saka mangsi bak utawa cêlak).

Athi. Athi-athi ngudhup turi Cd = kaya kudhuping turi, yaiku mlêngkung mamburi (pucuke lancip).

Brêngos. 1 Brêngos kêtogan = brêngos cêndhak ora ngrêsêpake. 2 Brêngos nglalêr mencok Pp = cêndhak ngrêsêpake, kayata brêngose Hitler. 3 Brêngos caplang (capang) = dawa nylakênthang lan kêtêl, kayata brêngose Stalin. 5 Brêngos njlêkèthèt = cilik (tipis) anyênthang, kayata brêngose Sêtyaki. 5 Brêngos ngawêt = mayuk mangisor lambe. 6 Ngawêt brêngose Et = kisinan, kuwirangan. 7 Brêngos ngulêr kèkèt = kaya ulêr kèkèt, kayata brêngose Wrêkudara. 8 Brêngos ula-nglangi = kaya ula nglangi, kayata brêngose Dursasana. 9 Brêngos kèplèh = ora njêgrag, pucuke sèngklèh. 10 Kèplèh brêngose Et = kisinan, kuwirangan.

Jambul. Kongsi jambul-wanên Pt = nganyi tuwa bangêt (Têgêse lugu: jambule wis mêtu uwane).

Jenggot. 1 Jenggot nyanthuk = jenggot kang pucuke mayuk mangarêp. 2 Sambêl jenggot = sambêl parudan krambil. 3 Bubut-bubut jenggot Pt = ora tau nyambut gawe abot, kapenak bangêt uripe. 4 Nadyan akeh kawulaningsun kang sakêpêl sisih rawise, pinangku jenggote Pd = sanadyan kawulaningsun akèh kang wis tuwa lan jalaran saka tuwane iku wis sugih pangalaman ... (Ukara iku lumrahe isih ana têruse kang surasane ngalêmbana marang wong sing dijadijak. wawansabda Sang Prabu).

Gombak. 1 Ora gombak ora kuncung ambêke kaya tumênggung Pt = mlarat lan ora nduwèni kaluwihan apa-apa, nanging ladak bangêt. 2 Radèn Ajêng Gombak = putrane putri bupati Kêdhiri sing kagarwa Bagus Burham (Pujangga Ranggawarsita).

Idêp. 1 Idêpe angisi Pp = kaya kisi, wuluning idêp gêdhe-gêdhe lan dawa-dawa bangêt. Kisi iku praboting tênun piranti sing dianggo ngikal bênang, gêdhene watara sadriji, dawane 2 dm. 2 Idêp mangada-ada Cd = njêgrag, marga nêpsu. 3 Idêp tumêngèng tawang Cd = pucuke mlêngkung mayuk mandhuwur, uga sok ditêmbungake idêp ngêtonggèng. 4 Paku idêp = paku kang cilik bangêt.

Kuncung. 1 Sata kuncung Ws = mêrak. 2 Kuncung nganti gêlung Pb = wiwit cilik nganti tumêkane diwasa (tuwa). Jaman biyèn kabèh bocah lanang kuncungan, manawa wis diwasa banjur gêlungan; yèn ikêt-ikêtan gêlunge banjur dadi mondholan.

--- 77 ---

Lar. 1 Lar panjawat = lar gêdhe ing swiwi. 2 Ngêlar kombang Pp = kaya êlar kombang, yaiku warnaning untu kang disisig (banyon). 3 Ngêlar gangsir Pp = kaya lar gangsir, mawa sêrat gêdhe-gêdhe (tumrap klobot). 4 Nggajah êlar Pb = kumlungkung, nglairake gak-kêdugane. 5 Bisa mabur tanpa lar Pd = bisa njumantara (Gathutkaca). 6 Gagak nganggo laring mêrak Bs = wong cilik sing uripe, panganggone lsp kaya wong gêdhe. 7 Tautate ngrupak jajahaning mungsuh, ngêlar laladaning rowang Br = wis tau nêlukake mungsuh lan nagarane diaturake marang gustine (muwuhi jêmbaring laladane gustine). 8 Kinêbutan ing lar badhak Pd = dikêbuti nganggo tepas gêdhe sing digawe saka laring mêrak. 9 Gangsire manglar = wis mêtu êlare, wis mawa lar. 10 Pêdhang ngêlar walang Pp = kaya lar walang, pucuke lancip. 11 Pêdhang ngêlar bango Pp = kaya lar bango, pucuke ora patia lancip.

Lancur. Samba lêlancure praja Dwarawati Br = Samba têtunggule wong ing nagara Dwarawati, sing bagus dhewe.

Rambut. 1 Rambut nyambêl wijèn Pp = pating plêlik sêlap putih. 2 Rambute wis mabluk Pt = wis akèh bangêt uwane (wis tuwa). 3 Rambut bajang Pt = rambut sing wiwit lair durung tau dicukur; samangsa dicukur, panyukure nganggo upacara. 4 Kumrambut = wis mèh kênthêl (tumrap kilang sing digênèni arêp digawe glali utawa gula). 5 Ora nggrantês sarambut pinara pitu Br = babar-pisan ora sêrik ing ati. 6 (Rambut) jumambak manak, jumêbêng mêtêng Pb = wong wadon kang drêman bangêt, sugih anak. Sabên rambuting anake wayah jumambak duwe anak manèh, nalika rambuting anake jumêbêng wiwit mêtêng. (Jumêbêng = ngarêpake jumambak). 7 Tapa wuda sinjang rambut Pb = patrape tapa Nimas Ratu kalinyamat (putrane Sultan Trênggana sing kagarwa Pangeran Hadiri Bupati ing Kalinyamat).

Rema. 1 Rema mêmak ngandhan-andhan Cd = rambut lêmês akêtêl sarta mêndhak-mêndhukul ngombak banyu. 2 Datan nggrantês sarema pinara sasra Pp = babar-pisan ora sêrik ing ati. 3 Rema ngêmbang bakung Cd = kaya kêmbang bakung.

Simbar. 1 Simbar jaja wulu-wawar Cd = dhadhane mawa wulu dawa-dawa. 2 Simbar jaja pan kadya walingi Cd = wulu ing dhadhane gêdhene sawlingi-wlingi; wlingi iku bangsa sukêt sing tuwuh ing rawa, gêdhene watara sadriji, dhuwure nganti 2 m.

Sinom. 1 Sinoman = wong nonoman sing dadi paladèn ing omahe wong duwe gawe. 2 Sinome micis wutah Cd = kaya picis wutah, yaiku pating kruwêl bundêr-bundêr ana ing bathuk. Picis =

--- 78 ---

dhuwit kêthip saka slaka. 3 Sang lir sinom Br = sang putri, sang dèwi.

Wèni. 1 Wènikênya = arane lagu têmbang Sinom. 2 Mustakawèni Pd = putri ing Imaimantaka adhine Prabu Bumiloka, kagarwa Priyêmbadra putrane Janaka.

Wulu. 1 Wulu wawar = wulu sing dawa-dawa. 2 Wulu-dirga = wulu-mêlik, sandhangan wulu kang pamacane kudu dawa (ing sastra Jawa). 3 Wulu wêtuning bumi = kabèh pamêtuning bumi, kayata pari, palawija lsp. 4 Mawulu = arane paringkêlan kang kaping nênêm. (Arane Paringkêlan: Tungle, Aryang, Warukung, Paningron, Uwas, Mawulu). 5 Pitik trondhol dibubuti wulune Bs = wong sèkèng kêmalingan nganti êntèk-êntèkan; utawa: wong sèkèng diwajibake mbayar warna-warna, kêpêksa ngêdoli barang-barange nganti êntèk. 6 Atine mêtu wulune Pb = tuwuh drêngkine, panastène lsp. 7 Ora gigrig wulune salamba Pt = babar-pisan ora tatu. 8 Wulu-cumbu = abdi kinasih. 9 Wulu cumbu Madukara Ws = Sêmar, Garèng, Petruk lan Bagong. 10 Utange arang wulu kucing Sn = utange akèh bangêt, pirang-pirang ênggon. 11 Bubutana wulune kathik bisa mabur Ck = manuk bubut ana wulune (darbe wulu), manuk kathik bisa mabur. 12 Macan galak wulu badhak Ck = barongan.

XXVI. BALUNG, GÊTIH, SUNGSUM

Dasanama: 1 Balung = walung, tulang, asthika, dalêngka, tosan. 2 Gêtih = marus, rah, ludira. Adaini = bayu gêdhe, dalan gêtih ing gulu. Ngêtokake adaini = nandangi pagawean kanthi kamêmpêngan.

Balung. 1 Lunglit = balung + kulit = kuru bangêt. 2 Balung kuwuk = arane panganan sing digawe saka tela diêdang, diirisi, digorèng banjur digangsa. 3 Balung pêking Bs = wong sèkèng. 4 Canthang-balung = abdi-dalêm kalonthangan sing dadi lêlurahe tlèdhèk. 5 Kaya dilolosi balunge Br = ilang kêkuwatane, ngalumpruk tanpa daya. 6 Balung tinumpuk Bs = ngrabèkake anak lanang luwih saka siji bêbarêngan. 7 Ngumpulake balung pisah = njodhokake bocah sing isih kaprênah sanak murih rakêt olèhe saduluran. 8 Madu balung tanpa isi Bs = ngrêmbug prakara sapele nganti rêgêjêgan. 9 Mbalung usus Bs = kêkarepan kang kêndho-kêncêng; pêpindhane usus, yèn nuju warêg kêncêng amênthêng-mênthêng, nanging sadhela bae (ngêlih) banjur ngalumpruk, kêndho. 10 Wis rumasuk ing balung-sungsum Pt = wis manjing ing sanubari lan angèl ilange, kayata: kayakinan, katrêsnan lsp.

--- 79 ---

11 Wangsalan sing nganggo têmbung "balung" kayata: Balung pakèl, alok-alok huse (Pelok). Balung jagung, saguhku isih janggêlan (Janggêl). Balung janur, sapa jujur sida luhur (Sada). Balung krambil, trêsnane ethok-ethokan (Bathok). 12 Balunganing orah = kayu-kayu sing dadi raganganing omah. 13 Ora ana balung-rine Pb = ora gawe sumêlang apa-apa. 14 Titilaras balunganing lagu = titilaras (noot) lajêring lagu, tanpa cengkok (tumrap têmbang).

Gêtih. 1 Gêtih kalas = gêtih rêgêd, yaiku gêtihe wong duwe anak. 2 Gêtih matêng = gêtih kênthêl awarna abang-irêng. 3 Kêmatus gêtih = tansah (isih)ngêtokake gêtih ing salêbare duwe anak. 4 Tanah wutah-gêtih = tanah kalairan. 5 Takêr gêtih = takêr marus, takêr ludira = paprangan kang ngêtokake gêtih akèh. 6 Wêdi gêtih = ora wani gêtih = jirih. 7 Durung wêruh gêtih = durung nggarap sari, durung wêruh banyu, durung kèl. 8 Prabu Yudhisthira agêtih putih = suci panggalihe. 9 Ora nggêtihi Et = ora mbêbayani (tumrap mungsuh). 10 Gêtih cinelung balung cinandhi Pb = têtêmbungan kang lumrah diucapake samangsa wong sumurup raja-tatu utawa raja-pati. Cinelung = diwadhahi celung (cupu). 11 Gora gêtih nêmu riris Bs = wong misah wong kêrêngan ana ing pakarangane, wasana kêtaton (marga kêtaman gêgamane wong sing kêrêngan). 12 Ora nêdya gêlung manawa durung klakon kramas gêtihe Kurawa Pd = pratignyane Dèwi Drupadi, amarga wis tau digawe wirang dening Kurawa (Dursasana), yaiku nalika Pandhawa kalah main dhadhu karo Kurawa.

Otot. 1 Ngotot = rosa bangêt, kêncêng bangêt (awake). Entar: mathênthêng bangêt olèhe pêpadon, ora gêlêm kalah. 2 Otot kawat balung wêsi Pd = sarwa kêncêng sêntosa otot-balunge (Gathutkaca).

Sungsum. 1 Asungsum gêgala Pd = mawa sungsum jabung, dadi balunge saya atos. Digêgala = diisèni gala, diisèni jabung, maksude: diisèni kasêktèn, diwêlêg ing kawruh, supaya têguh-timbul lan wantêr atine. 2 Jênang sungsum = jênang glêpung bêras didèkèki juruh.

XXVII. UTÊK, ATI

Dasanama: 1 Akal = budi, budaya, nalar, reka, pikir, angên-angên. 2 Karêp = niyat, sêdya, karsa, kayun, maksud, esthi, cipta, praya, parasdya. 3 Ati = galih, tyas, nala, wardaya, kalbu, prana, manah. 4 Pintêr = wasis, nimpuna, widigda, baud, wignya, lêbda, limpad, kartiyasa, widura. 5 Wicaksana = waskitha, sidik, têrus ing tingale. 6 Bodho = gêblêg, pêngung,

--- 80 ---

pingging, mudha, dama, punggung, kumprung, jugul. 7 Bungah = sênêng, gêmbira, bingar, bigar, enggar, girang, lalita, harsaya, harsana, trustha, wijah. 8 Susah = rudita, rudatin, tikbra, manastapa, turida, sêdhih, kingkin, duhka, duhkita, rudah, kung (nahênkung), wigêna, sêkêl, galana, bunêk, wiyoga, wiyadi, sungkawa. 9 Lali = limut, limput, supe, kemêngan, klepyan, kêsupèn. 10 Kêsêngsêm = brangta, brangti, rimang, kasmaran, wulangun, wuyung, tura, gandrung. 11 Murka = angkara, kêthaha, loba, dhakah, srakah, ngangsa-angsa. tamak. 12 Isin = wirang, lingsêm, merang, mirong.

Akal. 1 Akal bulus Pt = cara ngapusi kang kurang julig, gampang dingrêtèni dening wong kang nêdya diapusi. 2 Akal koja Pt = cara ngapusi kang julig bangêt. 3 Merang akal karo okol Pt = kapintêran iku luwih mênang tinimbang karosan.

Angsa. Durga ngangsa-angsa Pb = wong kêthaha, wong angkara-murka.

Ati. 1 Lara ati Et = sêrik. 2 Agawe pinggêting ati Et = njalari sêrik. 3 Nggadho ati Et = njarag agawe sêrik. 4 Atine maras Pt = kuwatir, dhêg-dhêgan. 5 Atine mbêdhêdhêg Pt = mongkog bangêt. 6 Atine ngongkang Pt = gêla marga kacuwan. 7 Atine sangga-runggi Pt = sujana, kurang pracaya marang tindak-tanduking liyan. 8 Atine njêlu Pt = anyêl bangêt. 9 Atine êmpuk Et = gampang dijaluki. 10 Ngenaki ati Et = agawe sênênging ati. 11 Dhangan ing ati Pt = sênêng, lêga-rila. 12 Têrusing ati Pt = lair-batin, ora mung lêlamisan. 13 Woding ati Et = kêkasih, wong kang ditrêsnani bangêt. 14 Olèh ati Et = tampa sih, disênêngi. 15 Pèkên atine Et = ngudia supaya kowe disihi. 16 Pulung ati = lêgokan ing dhadha pênêr lan dununge ati. 17 Mungkar atine Et = banjur dadi mantêp bangêt. 18 Matêng ati Pt = sing matêng lagi ing jêro (tumrap wowohan). 19 Mulung atine Et = tuwuh rilane gêlêm mènèhi. 20 Nglunthung atine Et = têrus bae gêlêm manut-miturut. 21 Tinarbuka atine Et = olèh wêwêngan kang njalari bisa ngrêti marang bab kang maune dianggêp angèl. 22 Runtuh atine Et = tuwuh wêlase lan banjur gêlêm têtulung. 23 Atine lurus Et = jujur, ora gêlêm slingkuh. 24 Gumantung tuntunging ati Br = tansah kelingan (marang kêkasih). 25 Ati bengkong olèh oncong Pb = darbe sêdya ala olèh dalan prayoga. 26 Atine mêtu wulune Pb = tuwuh drêngkine, panastèn lsp. 27 Aja kaduk ati bela tampa Pt = aja kêjêron panggagase kang banjur tuwuh rasane sak-sêrik. 28 Kêgimir atine Pt =

--- 81 ---

kêgiwang atine, kenyut dening pangiming-iming, marga sumurup barang apik, rupa ayu lsp. 29 Gumlêdhêg atine Et = mangkêl bangêt nganti kaya umob glêdhêg-glêdhêg lan kumudu-kudu mara tangan. 30 Dadi ati Pt = dadi pikiran, kêpêksa kudu tansah nggagas. 31 Mambu ati Pt = krasa yèn diêsir dening wong (tumrap wanita diêsir dening priya, yèn priya diêsir dening wanita). 32 Satru ati Pt = mungsuh mung ing batin. 33 Ulat madhêp ati karêp Pt = wis lawas olèhe kêpengin, lan ing batin tansah ngarêp-arêp. 34 Dahwèn ati opèn Pb = nglairake panacad marang barang supaya wong liya ngêmohi, prêlune nêdya dialap dhewe. 35 Kang dadi pandam-pandoming ati Br = kang gawe padhanging ati lan tuduh dalan kang tumuju marang panggawe bêcik. (Pandam = pêpadhang, diyan. Pandom = piranti tuduh keblat utawa wêktu). 36 Wis kêcêkêl lambe-atine Pb = wis disumurupi watak-wantune. 37 Entènana bolonging atine Pt = sabarna nganti têkan bombong atine. 38 Di ngati-ati = diprayitna, di wêweka. 39 Eyang-eyung atine Pt = miyar-miyur atine, ora kêncêng. 40 Entèk atine Et = ilang atine = kuwatir bangêt. 41 Mutungan atèn Et = kakon atèn. 42 Ala atine Et = ala watake. 43 Pêgêl atine Pt = anyêl, mangkêl. 44 Rudah ati Pt = susah. 45 Mlêtik atine Pt = gampang ngrêtine marang kawruh utawa ngèlmu, satêmah dadi pintêr. 46 Cilik atine = cilikan atèn = gampang wêdine. 47 Gêdhe atine Et = tatag. 48 Lamba atine = atine ora rangkêp Pt = kurang prayitna. 49 Punuk ati Bs = wong sing guru-alêman. 50 Nugraha ati kirda Bs = priya wèwèh apa-apa marang wanita liya (dudu sadulure dhewe) kanthi pangarêp-arêp supaya wanita mau tuwuh rasane sih-trêsna. 51 R.A. Patah Ati (utawa Rara Bêruk) = anake wadon Modin ing desa Matah sing kagarwa R. M. Said (Mangkunagara I). 52 Lobok atine = momot, sabar.

Batin. 1 Lair-batin Pt = ya laire ya batine, ora mung lêlamisan. 2 Macak ngayang batin Pt = manganggo sarwa bêcik (mompyor bangêt).

Brangta. Kandhuhan brangta Kw = kandhuhan rimang, kedanan, kêpencut, kasmaran (nandhang lara asmara).

Budi. 1 Budi arda Kw = pangangsa-angsa. 2 Ngulir budi Br = mbudi-daya, ngreka-daya kanthi bangêt. 3 Genjah ing budi Pt = ora antêpan. 4 Tuna ing budi Br = bodho. 5 Wong ahli budi Br = wong pintêr. 6 Awak pèndhèk budi ciblèk Bs = turune

--- 82 ---

wong asor tur watake uga asor. 7 Budi daksêmbadani (daktandhingi). 8 Utang budi Pt = kapotangan kabêcikan. 9 Sadu budi Kw = utama bangêt watake, suci.

Bungah. 1 Mbungahi = bungah kang kaduk. 2 Bungahe kaya nunggang jaran ebeg-ebegan Pb = bungah bangêt.

Daya. Daya-sastra Kss = aksara Jawa kang dianggêp nduwèni daya mbrêngêngêng tumrap ing ukara kang sinawung ing têmbang, kayata ing ukara "bêdhah praja boyong putri", têmbung "bêdhah" lan "boyong" kudu duwaca "mbêdhah" lan "mboyong". Samono iku manawa tinulis ing sastra Jawa. 2 Ngalumpruk tanpa daya Br = ilang kêkuwatane. 3 Dibudi-daya = diakal-akal kanthi pangudi. 4 Tanah kabudidayan = lêmah jêmbar kang disewa dening pakumpulan dagang ditanduri têmbako, têbu lsp. 5 Kabudayan = babaring nalar pambudidayaning manusa awujud kagunan, kapintêran, jogèt lsp. 6 Sana-budaya = arane papan, utawa pahêman kang ngadani prakara sing gêgayutan karo kabudayan (ing Yogyakarta).

Jugul. 1 Jugul-mudha Kw = mudha-dama, bodho bangêt. 2 Dianggo jugul Pt = dianggo sêsulih.

Girang. 1 Girang-girang = bungah-bungah marga mênang pêrang lsp. 2 Aja gugup girang-girang gumuyu Br = aja kêsusu bungah-bungah. 3 Kêmbang girang = araning corake bathikan.

Karêp. 1 Bèncèng karêp = beda karêpe. 2 Aja sakarêp-karêp = aja mung sagêlêmu dhewe bae. 3 Dudu karêpe dhewe Pd = (anane lêlakon utawa kadadean mangkono iku) ana sing kagungan karsa yaiku sing Maha Kuwasa, dene manusa mung sadarma tumindak utawa nglakoni. 4 Ulat madhêp ati karêp = lair-batin wis gêlêm (sênêng) kanthi mantêp têmênan.

Manah. 1 Lêmbah manah Pt = andhap-asor. 2 Prayogi sampeyan manah-manah rumiyin Kr = sampeyan pikir. 3 Srikandhi maguru manah Pd = arane lakon wayang-purwa.

Nalar. 1 Nalare pating saluwir Pt = kêrêp nggagas sing ora-ora. 2 Mulur nalare Et = bisa nggagas dawa, ora banjur buntu. 3 Pêcah nalare Et = wis bisa migunakake pikirane.

Pikir. 1 Ora jêjêg pikire Et = miring utêke, rada edan, owah date. 2 Aja mikir sing ora-ora Pt = aja nggagas prakara sing bisa njalari kurang prayoga.

--- 83 ---

Praya. 1 Saeka praya Kw = saabi-praya = saiyêg, rukun bangêt. 2 Nyuda praya Bs = nyuda kaluhuraning liyan. 3 Nekad praya Pt = nekad nuruti dêrênging ati.

Prana. 1 Têmbunge bisa nuju prana Pt = agawe sênênging ati. 2 Kêpranan Kw = kêkênan atine (ing têmbung kang agawe sênêng). 3 Mranani = nggawe sênênging ati.

Punggung. 1 Mudha-punggung Kw = bodho bangêt. 2 Ngamuk punggung sura tan taha, nirbaya nirwikara Br = ngamuk kanthi nekad bangêt ora wêdi apa-apa. 3 Amèk punggung Pb = njupuk baranging liyan tanpa têmbung.

Sabar. 1 Ora sabaran = cêpak nêpsune. 2 Sabar-drana = sabar bangêt. (Drana = darana = sabar). 3 Sabar tawêkal = sabar-sarèh sajrone nandhang kasusahan, sajrone nampa cobaning Pangeran.

Suka. 1 Suka-suka nêmu duka Pt = bungah-bungah wasanane nandhang susah. 2 Suka pari suka = sênêng-sênêng. 3 Suka-rêna = bungah lan sênêng. 4 Suka-rila = kanthi sênêng lan rila. 5 Suka-nrima = suka-sukur = matur nuwun. 6 Suka-wibawa Kw = bungah-bungah lan sênêng-sênêng.

Tibra. Tibra layu Kw = araning wêktu mbênêri mèh suruping surya, kaananing gêgodhongan kaya layu ngalêntrih, pêpindhane wong lagi nandhang tibra utawa tikbra (susah). Layu = alum.

Cipta. 1 Cipta-ripta Kw = gagasan, nalar. 2 Saciptane dadi Kw = kang sinêdya kalêksanan. 3 Pêlênging cipta Br = kêplasing gagasan, kang kaèsthi, sing dipikir. 4 Ciptawalaha Pd = jaran pangiriding kretane Krêsna (kabèh cacahe papat, yaiku: Ciptawalaha, Abrapuspa, Sukantha lan Senasêkti). 5 Mêsu cipta Br = ngulirbudi, kanthi ngêtog pambudidayane. 6 Ciptaning = Arjuna nalika tapa ing wukir Indrakila (ing guwa Witaraga), Witaraga = Jawa-Kuna atêgês: panyandhêting hawa napsu.

Utêk. 1 Utêke mati Et = ora bisa migunakake pikirane. 2 Utêkmu ana ngêndi? Pt = kapriye pikiranmu, apa ora kanggo mikir? 3 Ora polo ora utêk Pb = gêblêg bangêt, babar-pisan ora nduwèni pikiran. 4 Kêgêdhèn êndhas kurang utêk Pt = kêgêdhèn panjangka kurang kapintêran.

Uwas. 1 Aja uwas-sumêlang = aja kuwatir. 2 Sapa uwas tiwas Pt = sing sapa kuwatir ing ati gampang nêmu cilaka. 3 Araning dina paringkêlan (sadwara): Tungle, Aryang, Warukung, Paningron. Uwas, Mawulu.

Wardaya. 1 Pangudasmaraning wardaya Br = panglocitaning ati, ciptaning ati. 2 Buwênging bawana kacapan lêpasing wardaya Br = têbaning ati (gagasane manusa) bisa nglimputi

--- 84 ---

saindênging bawana, bisa nyakup sakabèhing kawruh . 3 Sinuksmèng wardaya Br = dilêbokake ati (batin), ing nalika maca.

Wijah. 1 Sandhangan wijah Kss = sandhangan wignyan (kalêbu sandhangan panyigêging wanda, lêlirune sigêg h). 2 Iwak mijah = padha nggrombol (nalikane ana banjir). 3 Pitik wijah = pitik lumrah, maksude dudu pitik kêbirèn. 4 Wong wijah = wong lumrah, wong urakan.

Wirang. 1 Diwêwirang = digawe supaya isin. 2 Kuwirangan = nandhang isin. 3 Wirang mbêbarang Pb = wong sing ngandhakake kuwirangane. 4 Utang wirang nyaur wirang Pt = wong agawe wiranging liyan diwalês wirang. 5 Wêdi wirang wani mati = tinimbang urip nandhang wirang aluwung mati (lumawan pêrang).

XXVIII. JÊROAN

Kang kalêbu jêroan: Ati, jantung, usus, bol, ginjêl, kêbuk (tumrap kewan: maras), pêru, wadhuk (tumrap kewan: rêmpêla, têlih), gurung, lêd-lêd lsp.

Bol. 1 Balik bol Bs = prakara kang wolak-walik, kayata: sing kaprênah tuwa dadi nom utawa kosok-baline. 2 Caplak cangkol kêndhali bol cêmêti tai Ks = unèn-unèn tumrap wong sing lancang ndisiki gunêm nganti agawe kisruhe wong rêmbugan. 3 Dobol ilat Ks = dhêmên nggêdobrol gunêman sing ngayawara (gawe-gawe). 4 Ngobol Ks = ngêntut, bêbanyu, (ngising).

Jantung. 1 Cinancang ing jantung Br = tumêtêp anèng jantung = tansah kelingan marga saka bangêting trêsnane. 2 Kempole njantung Pp = awangun kaya jantung (kêmbang gêdhang).

Ginjêl. Lara ginjêle Ks = lara atine, sêrik.

Gurung. Sadawanane lurung isih dawa gurung Pb = pawarta iku mêsthi bisa sumêbar têkan ngêndi-êndi.

Iso. 1 Iso-Bandhang = usus sing cilik-cilik (ususe rajakaya). 2 Iso-rêrêgan = usus sing cilik-cilik lan pating kruwêl.

Pèh. Kaparag pèh Bs = wong kang kêpêksa kêtiban prakara.

Rêmpêla. Diwènèhi ati ngrogoh rêmpêla Pb = diwènèhi kalonggaran (kamurahan) banjur njaluk supaya luwih dilonggari utawa dimurahi manèh.

Usus. 1 Usus-usus = kolor-kathok. 2 Dawa ususe Ks = sabar. 3 Mbalung usus Pb = kêkarêpan kang kêndho-kêncêng (kaya kaanane usus: yèn nuju warêg kêncêng, yèn ngêluh ngalumpruk).

--- 85 ---

Wadhuk. Wadhuk bêruk Bs = wong kang ludhuk bangêt, akèh bangêt tadhahe pangan. 2 Wadhuking rajakaya: babat galêng, babat tawon, babat sumping, babat jarit (babat lunyu). 3 Wadhuk dhedhuk = wadhuk gêdhe-ludhuk = akèh pamangane.

XXIX. IDU, LUH, UMBÊL, KRINGÊT, UYUH, TINJA

Dasanama: Idu = kecoh, ludaka. Luh = waspa. Uyuh = turas. Umbêl = gadhing. Kringêt = riwe. Tinja = tai.

Idu. 1 Idu wayu = idu bacin, idu ing wayah esuk nalikane mêntas tangi turu. 2 Sawah saidu = 1/8 bau, 62½ ubin, watara ana 875 m2. 3 Ngulu idu Pt = cêgukanclêgukan. amarga kêpengin bangêt. Idu didilat manèh Bs = njabêl kasaguhan kang wis dijanjèkake. 5 Idu gêni Bs = klakon sagunême, digugu ing wong. Bêbasan iku sok dilanturake muni: Idu gêni, riyak mawa, sisi listrik. 6 Yèn nginanga durung abang, idua durung asat Br = sadhela bangêt.

Ilu. 1 Ilu-ilunên Pt = mung manut ombyaking liyan, ombyaking wong akèh. 2 Mambu ilu Pb = mung melu-melu bae, tanpa tekad (kayakinan).

Kêcoh. Saking bangête nggêgêt waja, kêcoh marus ariyak ludira Pd = untune gathik bangêt, nganti mêtu gêtihe, mulane idu lan riyake mawa gêtih.

Kringêt. 1 Kringêt buntêt = kringêt sing ora bisa mêtu, njalari kulit pating pruntus. 2 Tadhah kringêt = perangane klambi awujud templekan gombalan kaprênah ing antarane balung walikat. 3 Ngêpuh kringêt Pb = ngêtog karosan, atêgês: rêkasa bangêt.

Luh. 1 Tadhah luh = arane mathining jaran dumunung sangisore mripat. 2 Rawat luh = satêmêne atêgês: simpên luh (ing mripate), maksude: ngêmbêng luh, mripate kêbak luh, nanging durung tumètès. 3 Adus luh = nangis nganti suwe (lan ngêtokake luh akèh). 4 Luhe maranwayan = luhe dlèwèran. Arane mathine jaran Mr. kaca 124.

Tai. 1 Tai manuk = ênjêt (manawa diucapake ing wayah bêngi). 2 Tai bêsi = landhaning obong-obongan wêsi; uga atêgês rêrêgêding wêsi. 3 Dibêciki mbalang tai Bs = dibêciki, wasana malês ala. 4 Kêtiban tai baya Bs = kêna ing dakwa, ditarka nindakake panggawe ala. 5 Mulas tai Bs = karêm mêmangan kang enak-enak, main mangan. 6 Ngêlèr tai ana ing bathok Bs = ngokèr-okèr tai ana ing bathok = wong ngudhal-udhal prakara sing agawe wirange dhewe. 7 Taine ana kacange dicuthiki [di...]

--- 86 ---

[...cuthiki] Bs = wong cêthil bangêt, nganti atindak nistha. 7 Kucinge nai Pt = kucinge manak; ditêmbungake "nai" supaya anake aja dipangan.

Tinja. 1 Kêmatus tinja Pt = lara ising-isingên ing salêbare duwe anak. 2 Tinjamaya Pd = têmbung kêlantur sing bênêre kudu: Tejamaya, yaiku kahyangane Bathara Indra.

Turas. Turasing satriya Br = turune satriya, turune prajurit.

Uyuh. 1 Kêpuyuh-puyuh Pt = nganti mêtu uyuhe tanpa dijarag (lumrahe tumrap wanita kang lumaku rikat utawa mlayu). 2 Jêrone sapuyuhan Pt = jêrone têka ing sangisor wudêl (kaprênah pênêr lan dununge impês wadhah uyuh). 3 Disundhul puyuh Pt = diumbulake nganti dhuwur(tumrap yun-yunan). 4 Nguyuh aling-alingan sada Bs = wong nêdya mbuwang kanisthane, nanging carane kurang prayoga. Utawa: nêdya marèni panggawene ala, nanging isih sêsrawungan karo wong ala.

Umbêl. 1 Durung bisa mbuwang umbêl Bs = durung bisa sisi = isih bodho bangêt. 2 Umbêl molor = araning corak bathikan, uga diarani parangcuriga.

Waspa. 1 Rawat waspa Kw = ngêmbêng waspa, mripate kêbak luh, nanging durung tumètès. 2 Waspa kumêmbêng jroning kalbu Cd = candrane mangsa Kapat, mangsane tuk padha pipêt.

XXX. SWARA, TÊMBUNG

Dasanama: 1 Swara = uni, sabawa, wakya, sraba, bane (banèn). 2 Têmbung = ujar, wuwus, sabda, wicara, wacana, ling (angling), gunêm, kandha, ucap, catur, pangandika. 3 Rame = umyang, umyung, gumuruh, atri, asrang, gumêr, gurna, gurnita, gumrêg, gumyêg, sumrêg, ramya. 4 Sêpi = samun, nyênyêt, sunya. Swara utawa unining kewan: Mr. kaca 122.

Atur. 1 Atur uninga Ki = atur priksa, awèh wêruh. 2 Matur prasaja = matur terus têrang, ora kumbi. 3 Matur cumanthaka Kw = matur kumawani, kumêndêl. 4 Ngaturake kidang lumayu Bs = nduduhake kamelikan kang nglêngkara kênane diarah. 5 Diaturi rawuh Ki = dikon têka. 6 Atur-atur marang pandhuwur = pawèwèh marang panggêdhe. 7 Diatur = ditata.

Bane (banèn). 1 Tan ana banène walang salisik Pd = sêpi nyênyêt. 2 Aja banèn-banèn = aja kandha-kandha.

Bawa. 1 Mbawa = mbawa-swara = nêmbang (lumrahe têmbang Gêdhe utawa Têngahan) dianggo mbukani gêndhing. 2 Bawa

--- 87 ---

rasa Pt = rêrêmbugan bab ngèlmu gaib. 3 Tanpa sabawa Kw = tanpa sraba = ora ana swarane. 4 Anake lanang wis bawa dhewe Pt = wis madêg dhewe, ora kawêngku wong-tuwa, wis ora dadi gawene wong tuwa, wis mêntas. 5 Kêna ing panyakrabawa Br = kêna ing dakwa, ditarka. 6 Bawane isih mudha punggung Br = (sarèhne) kagawa saka isih bangêt bodhone. 7 Kawibawan Kw = kaluhuran lan kamuktèning urip. 8 Mukti-wibawa Kw = mukti bangêt, ora tau kêkurangan. 9 Têmbung arimbag bawa = têmbung andhahan kang ngêmu suara ora dijarag, kayata: kêpapag, kiris (bawa-ka), kami-gilan (bawa-kami), kapenak (bawa-kapi), kumini (bawa-kuma, pancène kudu: kumanini, nanging banjur diwancah), lsp. 10 Bawa-wacaka = araning rimbage têmbung andhahan sing kadadean saka: ka + lingga + an kang atêgês têmbung aran, kayata: kraton, kapintêran, lsp. 11 Bawa-ma tundha = têmbung dwilingga lan têmbung sing buri disêsêli um kayata: turun-tumurun. 12 Dwilinggane bawa-ma = dwilingga lan têmbunge sing ngarêp disêsêli um, kayata: tumurun-turun. 13 Solah-bawa = solah-tingkah, tindak-tanduk.

Bisik. 1 Bêbisik narendra Kw = jêjuluke ratu, asmane. 2 Bêbisik nguwuh-uwuh Bs = nêdya rêmpit marang wadi, nanging solah-bawane ngatarani (marga kurang wêweka), njalari kuwiyaking wadine.

Kêcap. 1 Ngalaha ujar sakêcap, laku satindak Pt = prayoga sing kêpara andhap-asor. 2 Sakêcap padha sakêcap Pt = dikandhani pijêr mangsuli, ora têrus manut-miturut.

Krèsèk. Kakehan krèsèk Pb = akèh kasaguhane, nanging kurang kayêktène.

Kripik. Apik kumripik nancang kirik Pb = ing lair katon apik, nanging batine ala.

Krisik. Kumrisik tanpa kanginan Pb = kêri tanpa pinêcut = sanadyan ora ditarka, sarèhne rumangsa sing nindakake panggawe ala, atine tansah ora kapenak.

Krosak. Krosak ing kene gêdêbug ing kana Pb = nggutuk lor kêna kidul = nyêmoni (mituturi, nyaruwe, nyrêngêni sarana ditibakake marang wong liya).

Mung. Disaponana rèk, dibêndhènana mung Pb = wong mratelakake apa-apa kanthi warata lan cêtha.

Omong. 1 Omong clêmang-clêmong = cêblang-cêblung tanpa têgês. 2 Sugih omong Et = akèh bangêt omonge. 3 Omong kosong Pt = gunêman ngayawara (ora nyata).

--- 88 ---

Padu. 1 Padu Jiwa dikanthongi Bs = wong kang pintêr bangêt ngikal basa (kaya wong aran Jiwa ing jaman biyèn). 2 Madu balung tanpa isi Bs = pêpadon (rêgêjêgan) prakara sêpele. Bêbasan iku kêlantur dadi muni: madu balung kêpesing.

Pêtak. 1 Pêtak lir gêlap ngampar Cd = swaraning pêtake kaya blêdhèg nyambêr. 2 Mêtu pêtake Bb = mêtu kamêmpêngane. 3 Lindhu pêtak Pt = lindhu kang nggênjot (bumi nganti gonjang-ganjing).

Rêmbug. 1 Rêmbuge wis gilig Et = wis golong, wis dadi. 2 Mêntahi rêmbug Et = agawe jugaring rêmbug. 3 Ngênthêlake rêmbug Et = nggolongake rêmbug. 4 Wêruh ing grubyug, ora wêruh ing rêmbug Pb = melu ing sapari-polahe wong akèh, nanging ora ngrêti maksude.

Sabda. 1 Sapdapalon Pd = wulucumbu Majapait têkan Brawijaya wêkasan banjur murca, sêbab moh ngrasuk Islam. Sabdapalon iku satêmêne iya Sêmar. 2 Sabda pandhita-ratu Pb = kandha mung sapisan tanpa dibalèni manèh lan ditêtêpi utawa ditindakake. 3 Ina sabda Pb = kêmalingan ora rêpot marang sing kawogan (pamarentah). 4 Kaluhuran sabda Pb = têgêse lugu: sabda panjênêngan patut dipun-luhurakên, sabab lêrês; maksude: bênêr kandhamu, mula iya mangkono. 5 Mêdhar sabda Kw = sêsorah. 6 Tanggap sabda Kw = têgêse lugu tampa gunêm (kamot ing layang kalawarti) maksude: mangsuli karangan ing kalawarti, sawise ngrêti manawa ing ariwarti utawa kalawarti iku ana kabar sing gêgayutan karo awake. 7 Dèwi Windarti disabdakake dadi tugu dening Rêsi Gotama Pd = disotake (Dèwi Windarti iku ibune Anjani, Subali lan Sugriwa). 8 Sabda tan yukti Br = gunêm goroh. 9 Sabda laksana Pb = nêtêpi wicarane. 10 Mbuka sabda Pb = prakaran, durung didangu pangadilan wis ndhisiki atur. 11 Nggupita sabda Pb = nglukita basa, ngothak-athik têtêmbungan (gawe-gawe): nggupita = nglukita, ngrumpaka, nganggit, ngarang. 12 Nibani sabda purusa Pb = misuh-misuh wong tanpa sabab. 13 Sabda amrêta Pb = gunêm sing agawe adhêming ati. (A = ora. Mrêta = mati, Amrêta = ora mati, kalis ing pati). 14. Ina sabda pralena Pb = nêmu cilaka saka gunême dhewe. 15 Mbaud sabda Pb = muruki marang saksi carane matur marang pangadilan. 16 Sabda candhala Pb = gunêm ala(mêmisuh, muring-muring). 17 Sabda minangka panggah Pb = pangadilan kang ora gingsir putusane.

Sêbat, sêbut. 1 Salang sêbat Pt = mèh padha (gêdhene). 2 Kakehan sambat-sêbut Pt = kakehan pangrêsula. 3 Nyêbut ora trima Pt = nglairake ora trimane, nggugat. 4 Ora nyêbut Pt =

--- 89 ---

ora ngrumangsani yèn wis tuwa, sèkèng lsp. 5 Kasêbut ing dalêm kandha Pt = kocap ing sajrone carita.

Sêpi. 1 sêpi nyênyêt = sêpi mamring, sêpi bangêt. 2 Ora sêpi ing dhuwit = ajêg duwe dhuwit. 3 Sêpi ing pamrih rame ing gawe Pb = tanpa melik apa-apa, nanging tumindak ing gawe kanthi mêmpêng. 4 Mahas ing asêpi Br = tarak brata, mratapa, tirakat ana ing papan sêpi.

Sunya. 1 Sunyaruri Kw = alam kaalusan (alame para roh). 2 Sunyapringga Pd = pratapane Subali. 3 Argasunya Pd = pratapane Wasi Jaladara (Kakrasana). [...] bangêt (kaya gumrubuging prahara awor udan). 2 Surak mbata rubuh Pp = surake wong pirang-pirang bêbarêngan (swarane mak brêg kaya rubuhing bata tumpukan). 3 Barêng nêmu kacilakan akèh sing nyuraki Pt = akèh sing nyukurake, akèh sing bungah.

Swara. 1 Swaraning pradangga ngrangin Kw = swarane gamêlan nganyut-anyut. 2 Swarane pait madu Sn = swarane manis bangêt, arum-amanis. 3 Swarane ngandul-andul Pp = êmpuk lan ngombak banyu. 4 Swarane turut usuk Pt = bêcik lan bantas kêprungu cêtha saka ing kadohan. 5 Ngumbar swara Pt = nglairake swara sêsongaran (ngêmu surasa nantang). 6 Angon swara Pt = nilingake laras lan laguning gamêlan utawa têmbang. 7 Gêdhe swarane Et = sênêng umuk. 8 Baliswara Kss = têmbung camboran utawa ukaraning têmbung sing manawa nêgêsi kudu diwalik, kayata: narpawandawa = wandawa (sadulur) + narpa (ratu), sadulure ratu. Anoman malumpat sampun = Anoman sampun mlumpat. 9 Têmbung yogyaswara = têmbung loro atêgês lanang-wadon mung beda swaraning wandane wêkasan, kayata: yaksa-yaksi lsp. 10 Kabaliswara Pb = digugat malês nggugat. 11 Aksara mandaswara Kss = aksara Jawa sing swarane mung manda-manda, yaiku aksara wa, ya,Di tulis dengan huruf Jawa. 12 Aksara swara Kss = aksara latin: a, i, e, o, u, utawa aksara Jawa: a, i, o, e, u,Di tulis dengan huruf Jawa. 13 Anuswara = aksara irung na, nya, ma, nga,Di tulis dengan huruf Jawa. 14 atêr-atêr anuswara = atêr-atêr sigêg aksara irung: an, any, am, ang.

Têmbung. 1 Têmbunge pêdhês Et = têmbunge nylêkit, agawe sêrik. 2 Têmbunge dipluta Kss = dilong kêcape sarana ana wandane [wan...]

--- 90 ---

[...dane] loro sing diucapake barêng (didadekake siji), kayata: sêrêt dadi: srêt lsp. 3 Têmbung nunggal-misah Kss = têmbung loro utawa luwih sing padha utawa mèh padha têgêse. 4 Ora têmbung ora lawung Pb = njupuk barange liyan tanpa nêmbung lan ora kongkonan wong liya supaya nêmbungake. 5 Kêsliring ing têmbung Pt = kêtaman ing têmbung sêrêng (banjur muring). 6 Ngasta têmbung Ki = nyêkêl cêmêthi.

Tutur. 1 Aja tutur-tutur = aja kandha-kandha marang liyan. 2 Ora luntur ing pitutur Br = wis ora kêna dituturi.

Catur. 1 Ana catur mungkur Pb = nyingkiri têtêmbungan (gunêm) kang bisa nuwuhake pasulayan. 2 Luput cinatur Pt = ora prêlu dirêmbug manèh, marga wis cêtha alane. 3 Catur wanara rukêm Cd = candrane wong minum 4 sloki. Catur Kw = papat. 4 Catur-rana sêmune sagara asat Pt = pralambange nagara 4 sing tansah pêpêrangan (Kêdiri, Jênggala, Urawan, Singasari) nganti ngêntèkake raja-brananing nagara. Catur = papat; rana = pêrang. 5 Pêrang catur = main catur, dolanan sêkak (Walanda: schaken). 6 Cacah-cucah caturan karo wong dhangling Pt = eman-eman têmên gêlêm gunêman karo wong gêndhêng, marakake ora kajèn uripe. Dhangling = gêndhêng, edan. 7 Catur manggala = panggêdhe cacahe papat, yaiku: Patih, Purohita (Guru kraton ngiras pujangga, Jaksa, Pangulu.

Criwis. Criwis cawis Pb = wong diprentah tansah madoni, nanging sumadya nindakake.

Ujar. 1 Ila-ila ujare wong tuwa Pt = ujare wong tuwa, yèn ora diturut sok malati. 2 Duwe ujar Pt = duwe kaul utawa nadar. 3 Ngujar-ujari = ngunèn-unèni wong. 4 Disogok ing ujar Pt = dijojoh ing ujar = diunèn-unèni ala. 5 Krungu têmbang rawat-rawat ujare bakul-sinambiwara Br = krungu pawarta ora cêtha bênêr-lupute utawa nyata-orane. Têmbang Kw = tabuh, sing ditabuh dianggo nggiyarake apa-apa lumrahe bêndhe. Têmbang rawat-rawat = (Krungu swara) barang ditabuh lamat-lamat. Ujare bakul-sinambiwara = kandhane wong pêpasaran, durung karuwan bênêr-lupute, nyata-orane. Sambiwara = sinambiwara = sudagar. Ila-ila = larangan (Indonesia: pantangan).

Undhat. Ngundhat-undhat alaning liyan Pt = ngundhamana alane wong liya.

Uni. Ora duwe uni Pt = ora tau nglairake pangrêsulane. 2 Gong muni sasêle Bs = mriksa wong prakaran lagi nakoni wong siji, sijine durung ditakoni. 3 Mara uni Pt = têka ing omahe

--- 91 ---

wong lagi repot (lagi dandan-dandan) ora têtulung, mung dondon ngobrol. 4 Wingi uni Pt = wêktu kang wis kêpungkur, nalika samana, biyèn. (Uni = nguni Kw = biyèn). 5 Muni sakênyoh-kênyohe Pt = têmbunge mung sawêtu-wêtune, tanpa dipikir dhisik. 6 Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang Bs = sing ala dikandhakake bêcik, sing bêcik dikandhakake ala.

Ucap. 1 Bathang ucap-ucap Pt = wong loro lêlungan ngambah dalan sing mbêbayani; yèn wong siji: bathang lêlaku, wong têlu: gotong mayit. 2 Dadi potapanpocapan. Pt = dadi loke wong akèh, digunêm dening wong pirang-pirang. 3 Sinigêg gênti kocapa = caritane dilèrèni dhisik, gênti nyaritakake bab liya. (Kocap = ka + ucap).

Wacana. 1 Imbal wacana Br = rêmbugan. 2 Anta wacana Br = kêdale gunêm tumrap siji-sijine wayang. 3 Mbangun wacana Pb = nusuli layang gugat. 4 Katala-wacana Pb = lumrahe dicêkak: kacala-waca = kêtiwasan, nandhang kapitunan marga saka kliruning gunême dhewe. 5 Wêdharing wacana mulya Cd = candrane mangsa Kasanga akèh gangsir ngênthir lan garèng muni. 6 Anara wacana Pb = jaksa ngajak gunêman karo salah sijine wong sing prakaran, prasasat namakake panah marang wong sijine. Anara = an + sara (panah). 7 Prawacana = gunêm wiwitan, purwaka utawa bêbukaning rêmbug.

Wicara. 1 Wicarakêras Kss = arane buku karangane R. Ng. Yasadipura II, isi piwulang marang wong Surakarta. 2 Dora wicara Kw = gunêm goroh. 3 Ahli wicara Pt = pintêr gunêman (rêrêmbugan). 4 Wong micara = wong sing baud gunêman lan gunême ngrêsêpake.

Wuwus. 1 Nyaru wuwus Pb = nyêla-nyêla wong lagi rêmbugan. 2 Gantya kang winuwus Kw = gantya kawursita = gênti kacarita.

XXXI. PANGAN, BUMBU, PAKARÊMAN

Dasanama: Pangan = baksa, baksana, boja, bojana, boga, bukti. Arane pamangan: 1 Sarapan, têgêse: semekan, mangan ing wayah esuk. 2 Madhang = mangan ing wayah awan utawa sore. 3 Mancal-kêmul = mangan ing wayah sore ora pati warêg. 4 Buka = mangan wayah sore tumrap wong pasa.5 Saur = mangan wayah bêngi tumrap wong pasa. 6 Tajil = mangan nyamikan ing wayah sore tumrap wong pasa. 7 Maêm = mangan tumrap bocah cilik. Pamangane kewan. Mr. kaca 121.

Boja. 1 Binoja-krama Br = disugata minangka pakurmatan (tumrap tamu). 2 Gantung boja Pt = wis ningkahan, nanging

--- 92 ---

durung dikêpyakake sarana karamean (marga durung duwe wragad), kosok-baline: gantung kawin = wis dikêpyakake kanthi karamean, nanging durung ningkahan (ngêntèni tibane wêktu sing prayoga, dina sing bêcik).

Bojana. 1 Bojianabojana. andrawina Br = suka pari-suka sarana dhahar lan ngunjuk maneka warna. 2 Kêmbul bojana = dhahar sêsarêngan.

Boga = 1 Ngupa-boga Kw = golèk pangan. 2 Antaboga Pd = dewa kang akahyangan ing Saptapratala, garwane asma Dèwi Suprêti, pêputra Nagagini lan Nagatatmala.

Dhahar. 1 Cêgah dhahar miwah guling Br = tirakat sarana ngurangi mangan lan turu. 2 Juru madhaharan Ki = tukang olah-olah ing dalême bangsa luhur. 3 Botên karsa dhahar atur kawula Ki = ora gêlêm nggugu kandhaku. 4 Padharan Ki = wancahane padhaharan, wêtêng.

Jangan. 1 Jangan bêning = jangan gêgodhongan (ora kênthêl). 2 Jangan sop = kaya jangan bêning, nanging sing dijangan luwih apik (kênthang, kubis lsp.) sarta nganggo bumbu mrica. 3 Jangan mênir = jangan bêning bayêm karo jagung nom. 4 Jangan bobor = jangan mawa santên cuwèr tanpa lombok. 5 Jangan lodhèh = jangan mawa santên lan lombok. 6 Semur = mawa bumbu kecap lan mrica. 7 Têrik = mawa santên kênthêl tanpa lombok. 8 Gudhêg = jangan gori mawa santên lan tumbar. 9 Brongkos = mawa bumbu kluwak lan lombok. 10 Jangan bumbu-sura = mawa bumbu jêruk purut lan sêre. 11 Car-cor kaya kurang janganan Pb = gunêman sing ora patut (saru). 12 Manis-jangan = arane wit sing klokopane rasane pêdhês asêdhêp.

Jênang. 1 Jênang baro-baro = jênang abang ditêngahi putih lan dicampuri gula-krambil. 2 Bonang-baning = jênang abang-putih. 3 Jênang alot = jênang glêpung kêtan lan gula. 4 Krêsikan = jênang saka bêras kêtan disangan nuli didhêplok karo gula. 5 Jênang dlima = jênang saka pathi tela sing digaringake lan digawe mawa warna abang, putih lsp. 6 Jênang cadhil = jênang glêpung bêras kêtan diplintèni. 7 Jênang saren = jênang glêpung kêtan diirêngi nganggo landhane klaras. 8 Jênang sungsum = jênang glêpung bêras mawa juruh. 9 Jênang kangrang = jênang bêras kêtan (mawa santên). 10 Jênang salayah Bs = wong-wong kang wis golong pikir. 11 Jênang dodol tiba wêdhi Bs = rêmbug wis dadi banjurbanjurana. sing njalari jugare. 12 Kajênangan kaebora Bs = arêp dikapakake mangsa bodhoa, wis dipasrahake. Ebor = cidhuk mawa

--- 93 ---

garan dawa. 13 Dijênangake abang Pt = diwènèhi jênêng (kanthi dibarêngi karo slamêtan jênang abang).

Gêrèh. Walik gêrèh Pb = wong siji nyangga pasaosan marang wong luhur rong panggonan: utawa wong loro nggarap pagawean sadina sewang-gêntenan.

Gula. 1 Gula-drawa Kw = gula jêmèk, gula lèdèng, arane têmbang Dhandhanggula. 2 Gêndera gula-klapa = gêndera abang-putih. 3 Ngalêm lêgining gula Bs = ngalêm marang panggêdhe utawa wong pintêr. 4. Ngêmut lêgining gula Bs = dititipi barang diêlongi saka sathithik, dijaluk ora tumuli diwènèhake. 5 Ana gula ana sêmut Bs = papan sing ana kamelikan mêsthi ditêkani wong. 6 Sêmut marani gula Bs = wong marani papan kamelikan (pangan).7 Jênang gula Ws = glali. 8 Rênggang gula Sn = rakêt bangêt sêsrawungane. 9 Lambe dhamis nggula satêmlik = dhamis lan cilik. 10 Kêmbang-gula = prêmèn.

Intip. 1 Dadi intiping nraka Pt = dicêmplungake (manggon) ing dhasaring nraka. 2 Ngintip Kw = nginjên. 3 Mintip-mintip = mêtu sathithik (pucuke utawa sirahe).

Kênul. Jêminul kaya kênul Pt = unèn-unèn tumrap bocah sing tambêng ora gêlêm nggatèkake.

Kinang. 1 Buntêl kadud ora kinang ora udud Pb = nyambut-gawe kanthi opah borongan, tanpa ingon lan tanpa wedang. 2 Sapanginang Pp = sadhela bangêt. Yèn nginanga durung abang, idua durung asat = sadhela bangêt. 3 Dak kinange jambe-suruhe Pb = dak lamare, dak-alape dadi bojoku. 4 Nyonyah nginang = arane kêmbang, warnane putih ing têngahe abang.

Kluban. Cangkême urab-uraban kaya kurang klubanan Pt = sênêng ngucapake têmbung saru. (Kluban = kulub + an = kuluban, nuli dipluta dadi: kluban. Kulub = godhog).

Kokoh. 1 Tunggal kokoh Pb = tunggal sapagawean. 2 Tinggal kokoh Pb = ngoncati pagawean sing durung rampung.

Lênga. 1 Adol lênga kari busik Pb = wong dundum ora kêpanduman. 2 Rêmbuge kaya wêlut dilêngani Pb = gunême mencla-mencle. 3 Kaya banyu karo lênga = sadulur kang ora rakêt, têpunge kalis bae.

Lisah. Lisah jayèngkatong = lênga agême ratu, yèn dilèlètake mrimat njalari wêruh lêlêmbut.

Madu. 1 Swarane pait madu Sn = madu kalah manis karo swarane, dadi atêgês: swara sing arum amanis bangêt. 2 Sirat-sirat madu Pd = têtêmbungan manis mung dianggo ngenaki ati, mung dianggo ulas-ulas utawa lêlamaisan bae. 3 Mubra-mubru blabur madu Pb = sarwa kacukupan ing sakabèhe. 4 Kebanjiran [Keban...]

--- 94 ---

[...jiran] sagara madu Pb = olèh kabêgjan gêdhe bangêt. 5 Rêmbêsing madu Br = turune bangsa luhur. 6 Brakithi angkara madu Bs = wong tiwas marga saka kamelikan. 7 Pindha madu pinasthika Br = kang pinunjul dhewe. 8 Panêmbahan Madurêtna = Trunajaya.

Pangan. 1 Kêcocok ing pangan Pt = dadi lara, marga mangan apa-apa kang pancène kudu disirik. 2 Palang mangan tandur Bs = pinracaya rumêksa apa-apa malah ngrusak. 3 Nggêdhèkake pangan Pt = nêngênake bangêt marang pangan, kurang prihatin. 4 Main mangan Pt = sênêng mêmangan, mburu mogèling ilat lan klimising lambe. 5 Wis akèh olèhe mangan uyah Pt = wis akèh pangalamane. 6 Turu longan mangan longan Wc = olèhe turu diêlong, olèhe mangan uga diêlong, dadi maksude: nglakoni prihatin.

Pelas. Tapihan tangkêp pelas Pt = prasasat mung ditangkêpake bae, marga jarite kurang dawa.

Pindhang. 1 Pindhang wutah Pt = nêdya duwe gawe (mantu) wis sumêkta sauba-rampene, wasana kêpêksa diwurungake, marga ana alangan dadakan (pangantène lunga lsp). 2 Pindhang lulang Ws = krècèk (lumrahe ukara candhake muni: kacèk apa aku karo si ...).

Puluk. 1 Puluk dhêkêm Pt = puluk sing gêdhe lan tênêt. 2 Nggêdhèkake puluk Pt = nggêdhèkake pangan, ora nduwèni prihatin. 3 Nampèl puluk, nêbak wong mangan Pb = nyênyongah rêjêkining liyan, rêjêki kang pancène tumiba dadi wurung.

Rampadan. Yiyidan munggwing rampadan Bs = wong asor ing budi (nistha) kumpul karo wong-wong kang padha abudi luhur.

Rujak. Parikan nganggo têmbung rujak. 1 Rujak cêngkir, pantês diwadhahi cangkir; mlipar-mlipir, solahe wong duwe êsir. 2 Rujak nanas, pantês diwadhahi gêlas; tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. 3 Rujak dhondhong, pantês diwadhahi lodhong; ati njontong, ngêntèni wong ora condhong. 4 Rujak polo = gadane Wrêkudara. 5 Rujakbêling = gadane Jayadrata. 6 Diolah bumbu-rujak = arane lawuhan.

Saji. Numpang saji Bs = duwe anak wadon wis nampa dhuwit tukon saka priya, wasana anak wadon iku banjur didhaupake karo priya liya kang uga mènèhi dhuwit tukon; dadi nampa dhuwit tukon rangkêp, tumpang.

Sambêl. 1 Munthu katutan sambêl Bs = dadi sadulur, marga katut sadulure sing dialap bojo. 2 Rambute nyambêl wijèn Pp = pating plêlik sêlap putih (uwanên).