Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 095-133)

Katalog:Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139
Sambung:
1.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 001-046). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #916.
2.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 047-094) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #917.
3.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 095-133) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #918.
4.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 134-186) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #919.

--- 95 ---

Sêga. 1 Sêga lulut = sêga pangantèn (mawi dicampuri kêtan lan bumbu kunir). 2 Sêga gurih = sêga wuduk, sêga mawa santên. 3 Sêga mêgana = sêga-kluban ing jêrone êndhog. 5 Sêga pondhoh = sêga dibêbak nuli diirisi banjur didèkèki parudan. 6 Sêgo golong = sêga sing pangolahe diêngi lan digolong-golong. 7 Bocah sumêga = lagi nêdhênge akèh pamangane. 8 Sêga kêbuli = sêga dicampuri daging lsp. 9 Sêga-jagung = jagung diliwêt utawa diêdang. 10 Sêga pênak = sêga pulên = sêga sing nganggo diêngi. 11 Sêga ramês = sêga lan lêlawuhan dicampur. 13 Mambu-mambu yèn sêga Pb = sanadyan ala wong isih sadulur. 14 Sêga sakêpêl dirubung tinggi Ck = salak.

Sêkul. 1 Sêkul urug Pb = wèwèh marang wong sugih. 2 Sêkul pamit Pb = wong têka ing pagawean kasèp, têkane ing salêbare wong-wong (kancane nyambut-gawe) padha diingoni. 3 Durung disêkuli Pt = durung dikanji, isih lêmês: tumrap têmbung blenderan atêgês: durung mangan.

Tajin. 1 Tajin dhahar miwah guling Br = ngurangi mangan lan turu (Tajin Kw = cêcêgah, ngurang-urangi). 2 Mumbul-mumbul kaya tajin Pb = ati kang tansah lunja-lunja, ora kêna diêndhakake.

Trasi. Ora wêruh êndhas trasi Pb = bênêr-luput ora dipraduli. sadulur kudu dibelani. Utawa: priya kang ora opèn marang pagaweane wanita (bojone).

Candu: 1 Urik klèlèt candu-tike Pb = atindak nakal, ora barès; pêpindhane kaya bakul candu nguriki klèlèt saka bêdudan diwadhahi impling lan diêdol, diawadake candu têmênan. 2 Rokoke nyandu = (kaya) mêtu candune.

Uyah. 1 Digêbyah kaya uyah Pt = dianggêp padha bae. 2 Uyah padha asine Pt = lumrahe unèn-unèn iku dibanjurake: nanging atine wong ora padha bae. 3 Uyah kêcêmplung sagara Bs = wèwèh marang wong sugih. 4 Diuyah-asêmi Pb = dialêmbana luwih saka samêsthine. 5 Wis akèh olèhe mangan uyah = akèh pangalamane.

Upa. 1 Diupa-upa Pt = didulang saka sathithik. 2 Caca upa Pb = ngrênggangake pamitran utawa pasaduluran. 3 Ana dina ana upa Pb = wong sing ora nyumêlangake bab pangan. 4 Ngupaboga = ngupa-jiwa, golèk pangan. 5 Upa-rêngganing tarub Kw = barang-barang kang kalêbu ampilan kaprabon, kayata: banyak-dhalang, sawunggaling, ardawalika lsp. 7 Diupakara = diupakarya, diupagawe, diopèni kanthi bêcik.

--- 96 ---

XXXII. SANDHANGAN

Dasanama: Sandhangan = panganggo, busana, agêm-agêman, wastra. Sing klêbu sandhangan: Ikêt, bêbêd (tumrap wanita: tapih), klambi, sabuk, kêndhit, pênding, kathok, kêbayak, sayak, kotang, slendhang, kalung, gêlang, suwêng, ali-ali, anting-anting, pêniti, tusuk-kondhe lsp.

Sandhangan sapangadêg, tumrap priya: bêbêd, klambi, ikêt. Tumrap wanita: tapih, klambi, slendhang.

Sandangan wayang, kayata: Topong-makutha = agême Krêsna, Baladewa lsp. 2 Topong-kêthu = agême Bathara Guru, Karna lsp. 3 Kêthu-dewa = agême para dewa. 4 Kêthu-têmpak = agême para pêndhita. 5 Ukup = tutup gêlung. 6 Garudha-mungkur = kancing gêlung pinêtha sirahe garudha kang trape mungkur. 7 Dawala = pita tali rambut ngiras dadi rêrênggan. 8 Jamang sada-saêlar lan jamang-sungsun = rêrênggan bathuk. 9 Sumping = rêrênggan kuping. 10 Praba = rêrênggan gêgêr awangun kaya swiwi. 11 Ulur-ulur = kalung kang têrus kumlawèr sambung karo pênding. 12 Kêlat-bau = rêrênggan ing bau, wujude ana warna têlu: 1 Naga mêmangsa utawa naga ngangrangan, agême ratu. 2 Clumpringan agême punggawa. 3 Bogêman agême darah Bayu (Anoman, Wrêkudara). 13 Gêlang = rêrênggan ugêl-ugêl, wangune: gêlang kana (agême Janaka lsp), gêlang nagendrarêsmi utawa naga mêmangsa (agême para ratu), gêlang clumpringan (agême Prahastha lsp), gêlang Candrakirana (agême Bayu, Sena, Anoman). 14 Gêlang-kroncong - gêlang sikil (jaman saiki atêgês: gêlang-tangan cilik-cilik akèh). 15 Badhong = rêrênggan kang trape ing antarane pupu, gumantung. 16 Uncal-kêncana = rêrênggan kumlèwèr sing digawe saka blèbèkan mas. 17 Uncal wastra = rêrênggan kumlèwèr sing digawe saka barang sêmbêt. 18 Cênthingan = pucuking dodod para putri kang nglèmbrèh sadhuwur bokong. 19 Simparan = pucuking dodod para putri kang kangsrah ing lêmah. 20 Pamêkan (kasêmêkan, mêkak) = tutup payudara. 21 Jubah = klambi landhung agême para dewa. 22 Slendhang = rêrênggan pundhak agême para dewa. 23 Lan liya-liyane.

Bêbêd. 1 Jêbên bêbêd Pt = bocah lanang wayahe sênêng sinau nganggo bêbêd (umur 8 - 9 taun). 2 Nanggung yèn ana bêdahing bêbêde lan gêmpaling wrangkane Pb = nanggung yèn nganti karusakan, kapitunan lsp.

Bêsus. Durung pêcus kêsêlak bêsus Pb = durung sêmbada wis tuwuh karêpe sing ora-ora, kajaba wis kêpengin omah-omah lsp.

--- 97 ---

Busana. 1 Ngadi busana Br = ngadi sarira sarana manganggo sarwa bêcik. 2 Ngasuk busana Br = nganggo sandhangan, dandan. 3 Dhasar sulistya ing warna sinêmbuh endahing busana Br = dhasar rupane bagus (ayu) tur manganggo sarwa endah. 4 Bayêm arda, ardane ngrasuk busana Ws = lumrahe ukara candhake muni: mari antêng, bêsuse saya kêtara. (Latêng utawa klatêng, bêsus). 5 Mbêsêmake busanane basa = ngrusakake kaendahane basa.

Dandan. Wurung dandanan Pt = ora kanggo ing gawe, ora dadi wong bêcik.

Jarit. 1 Babat jarit = wadhuke rajakaya, panunggalane: babat galêng, babat sumping, babat tawon. 2 Jarit pêpali Pt = jarit lurik ciyut acorak malang dianggo uba-rampening sasrahan. 3 Jarit esuk-sore Pt = jarit pasar-sore = jarit kang coraking bathikane wolak-walik ora padha, kayata: sing sasisih kawung, sisih liyane parang-rusak; kosok-baline: jarit lamba. 4 Jarit luwas ing sampiran Es = kapintêran ilang, marga ora tau kanggo.

Gandar. 1 Mung olèh gandare bae Pt = mung olèh rupa bagus (ayu). 2 Gandar iras Pt = gandar karo wrangkane ora sambungan.

Gêlang. 1 Têmu gêlang Pt = bundêr lan wêkasane gathuk. 2 Gêgêlang munggwing dariji Ws = ali-ali. Dhapure gêlang: Sigar pênjalin, lilit-wi, rante, ulan-ulan, bebekan, kroncong (gêlang akèh cilik-cilik). Dhapure gêlang wayang: 1 Nagendrarêsmi agême ratu. 2 Gêlang Kana agême putri lan satriya. 3 Clumpringan agême punggawa. 4 Candrakirana agême darah Bayu (Anoman, Wrêkudara).

Gêmbring. Ora gêmbring ora waring Pb = ora nyandhang, mlarat bangêt. Gêmbring = tênunan tipis angramyang. Waring = bangsane kadut alus sok dianggo jubah.

Ikêt. 1 Dhêngkul ikêt-ikêt Bs = wong bodho didadèkake pangarêp (marga isih kaprênah sadulur). 2 Ngikêt-ikêti dhêngkul Bs = ngopyahi dhêngkul, nasabi dhêngkul = mikolèhake sadulure dhewe. 3 Sèkêt = 50 (sa + ikêt).

Indhing. Kudhung indhing Pb = priya sing kalah bangêt karo wanita (bojone). Indhing = cawêting pawadonan nalika nggarap sari.

Kampuh. 1 Kampuh kang pêra sigine Pd = kampuh kang isih anyar. 2 Kampuh pudhak sinupit Pt = nganggo dodod kang sisih têngên ing sadhuwur dhêngkul. 3 Mirong akampuh jingga Pb = madêg kraman, mbalela. 4 Alêlungan datan kongsi bêbasahan, kêsêlak kampuhe bêdhah Pl = pralambange Jaka Tingkir,

--- 98 ---

olèhe jumênêng Ratu ing Pajang durung nganti mukti wis seda.

Kathok. 1 Jêbên kathok Pt = bocah lanang wayahe sênêng sinau nganggo kathok (umur 5 - 6 taun). 2 Kathok kalèt = kathok cêkak kang sajak krakêt ing kulit. 3 Kathok gêmbyong = kathok amba, nanging cêkak. 4 Gondhèlan kolor kathok Pb = wanita sing mung manut-miturut marang priya (bojone).

Kaca. 1 Kaca paesan = kaca gêdhe (pangilon) sing dianggo ngilo nalika dandan. 2 Kaca-mata = kaca-tingal Ki = têsmak. 3 Kacanagara Pd = Guritna, Gathutkaca. 4 Dadi kaca-bênggala Pt = dadi tuladha. 5 Mripate kaca-kaca Pt = mripate kêbak luh, arêp nangis.

Kêndhit. 1 Wêdhus kêndhit Pt = wêdhus sing saka wêtêng têkan gêgêre mawa corak putih. 2 Kêndhit mimang kadang dewa Pb = wong sing kalis ing bêbaya.

Kêthu. Kêmbang sempol sêmune lêbe kêkêthu Pl = pralambange S. Sedakrapyak lan Sultan Agung mungkul bangêt marang agama Islam. Kêmbang sempol = tunjung, trate.

Klambi. 1 Klambi blênggèn = klambi mawa plisir bênang-mas. 2 Udan kumlambi Pt = udan riwis-riwis, nanging bisa njalari têlêsing klambi kang dianggo. 3 Malik klambi Pb = mbalik ngiloni mungsuh. 4 Wangune (potongan) klambi: bêskapan, surjan, tutupan, bukakan, kurung, kuthung, jubah.

Sabuk. 1 Sabuk wala Pt = bêbêdan, jarite sing saparo dianggo kêndhitan. 2 Sabuk galêng Pb = sugih palêmahan (sawah). 3 Sabuk udaraga Pt = sabuk mawa corak maneka warna. 4 Sabuk bara Pt = sabuk mawa gombyok.

Sandhang. 1 Sandhang-walikat = piranti dianggo ngangklèk kêris. 2 Sandhang-lawe = manuk bangsane cangak, warnane irêng. 3 Sowan panggêdhe mawa sandhangan dinêsdhinês. = sandhangan kang didhawuhake (ing jaman biyèn). 4 Sandhangan sapangadêg = tumrap wong lanang: ikêt, klambi lan jarit; tumrap wong wadon: slendhang, klambi lan jarit. 5 Abot sing nandhang tinimbang sing nyawang Pt = luwih abot wong sing nindakake (nglakoni) tinimbang wong sing mung ngira-ira (ora nglakoni). 6 sandhang-sandhang rowang Pb = kêna ing tarka (didakwa) banjur ngèmbèt-èmbèt kanca utawa sadulur. 7 wong urip iku butuhe sing baku: sandhang, pangan lan papan Pt = bakuning butuhe wong urip: panganggo, pangan lan omah.

Sinjang. Tan kobêr apêpaès amangun sinjang Pl = pralambange Sunan Pakubuwana IV lan V ora kobêr mbangun nagara, marga saka akèhe rêribêd kang dialami.

--- 99 ---

Sumping. Wangune sumping: 1 Surèngpati agême para ratu. 2 Wadêran agême bambangan lan satriya (kayata Arjuna). 3 Gajahngoling agême para putri. 4 Kêmbangkluwih agême Nakula-Sadewa lsp. 5 Pudhak sinumpêt agême Wrêkudara.

Suwêng. Kasèp-lalu wong mêtêng sêsuwêngan Pb = kasèp bangêt; pêpindhane wanita, nalika isih prawan ora bêsus, olèhe bêsus nganggo suwêng barang barêng wis mêtêng.

Tapih. 1 Jêbên tapih Pt = bocah wadon sing lagi wayahe sênêng sinau nganggo tapih (umur 5 - 6 taun). 2 Kesasaban tapih Pb = priya sing kalah prabawa karo wanita (bojone). 3 Kêndho tapihe Pb = wanita sing gêlêman, kaurmatane diurah-urahake marang sadhengah priya. 4 Gondhèlan poncoting tapih Pb = priya sing mung manut-miturut marang wanita (bojone).

Têsmak. Kêdhèp têsmak Pb = nyawang suwe ora kêdhèp-kèdhèp. 2 Têsmak bathok, mata mlorok ora ndêdêlok Pt = têsmak dhingklik, têsmak watu = wong mamak ora ndêdêlêng.

Topi. Topi pacul-gowang = topi-lakên sing ing ngarêp njêbèbèh, ing têngah krowak.

Cancut. Cancut tali-wanda Br = tandang sarana panganggone ditalèkake ing wanda (awak).

Caping. 1 Caping bèbèk = caping undhuk = caping gêdhe saka blarak utawa clumpringe pring (sing nganggo lumrahe wong angon bèbèk). 2 Caping basunanda Pd = capinge Gathutkaca. 3 Caping gunung = caping sing lancip. Tumrap wangsalan, têmbung "caping gunung" batangane iya caping lancip, maksude "icipana".

Cawêt. 1 Kêriga sacindhile abang, cawêta têkan wadone Pd = wadyabalamu wêtokna kabèh, sing asipat wadon konên cawêtan (padha majua barêng ngroyok aku). 2 Wedang lêlaku tumpêr cinawêtan Bs = bocah karamjadah (ora karuwan bapakne).

Cindhe. Gêdhang apupus cindhe Bs = kabêgjan kang nglêngkara, prakara kang mokal. 2 Emban cindhe êmban siladan Bb = ora adil pangrêngkuhe, pilih-sih.

Cincing. 1 Randha cincing Pt = arane pagêr sing ora nggêpok lêmah (ngongkang). 2 Cincing-cincing klêbus Pb = (wong duwe gawe) wêgah ngêtokake dhuwit akèh, mulane olèhe têtuku apa-apa dicumpèni saka sathithik, toging êndon malah dadi saya luwih akèh wragade.

--- 100 ---

Clana. 1 Clana pokèk = clana amba, nanging cêkak. 2 Clana panji-panji = clana kang kaprênah dhêngkul mawa bênik.

Cundhuk. 1 Cundhuk mêntul = cundhuk awujud têtironing kêmbang, yèn dianggo katon mêntul-mêntul. 2 Cundhuk laris Pt = sudaning rêrêgane barang dianggo srana supaya olèhe dodolan bisa laris. 3 Durung cundhuk acandhak Pb = durung nganti ngréti bab sing dirêmbug wis kêsusu ngudhoni rêmbug. 4 Panêmumu cundhuk karo panêmuku = salaras, cocog.

Wade. Dikêmpit kaya wade, dijuju kaya manuk Pb = diopèni kanthi bêcik lan diwêlêg ing pangan (supaya enggal gêdhe).

Wastra. 1 Wastra lungsêt ing sampiran Pb = kapintêran ilang. marga ora tau kanggo. 2 Wastra bêdhah kayu pokah Pb = kêtaton nganti putung balunge.

Wuda. 1 Wuda blêjêd = wuda babar-pisan (tanpa awêr-awêr). 2 Said kawudan Pb = palapuran sing kurang têrang. 3 Emboke wuda anake tapihan Ck = pring lan bung; pring tuwa lumrahe clumpringe wis gogrog, bung isih kabuntêl ing clumpringan. 4 Tapa wuda sinjang rambut Kss = patrape mratapa Nimas Ratu Kalinyamat (ana ing wukir Danaraja). 5 blaba wuda = saka bangêting lomane, nganti awake dhewe kêcingkrangan.

XXXIII. OMAH WADHAH

Dasanama: 1 Omah = wisma, bale, griya, dalêm, suyasa, pondhok, wangon. 2 Enggon = panti, laya, langgar, sanggar, sana (sasana), dunung, panggonan.

Wangune omah: joglo (brunjung), limasan, srotongan, lojèn, klabangnyandêr, gêdhang salirang.

Wujud omah: 1 Asrama = pratapan ngiras pawiyatan. 2 Pawiyatan = pamulangan, pacrabakan, madrasah (Asale saka têmbung Arab "darasa" têgêse: sinau). 3 Padhepokan = omahe pêndhita. 4 Kadhaton (kraton) = dalême dhatu (ratu). 5 Loji = omahe panggêdhe bangsa Eropa. 6 Pasanggrahan = omah palêrêban (ing gunung). 7 Hotèl = panginêpan. 8 Bangsal = omah gêdhe lan endah. 9 Gupit = gupit mandragini = gêdhong pasarean (ing kraton). 10 Balekambang = omah satêngahe sagaran. 11 Balemangu = omah papan pangadilan. 12 Tangsi = omah saradhadhu. 13 Mêsjid = pasêmbahyangan Islam (kanggo umum). 15 Greja = pasêmbahyangan Kristên. 16 Klênthèng = pasêmbahyangan Buda (Tionghwa). 17 Grêdhu =

--- 101 ---

omah panjagan. 18 Gubug = omah panjagan ing sawah lsp. 19 Ranggon = gubug dhuwur ing têngah alas. 20 Bango = omah papan dodolan. 21 Kandhang = omah rajakaya. 22 Gêdhogan kandhang jaran. 23 Pranji = kandhang pitik. 24 Kombong = kandhang bèbèk. 24 Pagupon = kandhang dara. 26 Krangkèng = kandhang macan. 27 Pacrabakan = pamulangan, pamêjangan. 28 Pantisari = omah ing têngah patamanan.

Wadhah (panggonan): 1 Sudhung cèlèng. 2 Wantilan gajah. 3 Lèng gangsir (kombang lsp). 4 Rong yuyu, (ula lsp). 5 Song landhak. 6 Lumbung pari. 7 Kurungan manuk. 8 Susuh manuk. 9 Patarangan pitik. 10 Tulang jangkrik. 11 Tala tawon. 12 Plangkan têkên (payung, tumbak lsp). 13 Bothèkan jamu. 14 Pragèn bumbu. 15 Sêlon trasi. 16 Pakêcohan idu. 17 Papon ênjêt. 18 Slêpi rokok. 19 Wrangka kêris. 20 Kanthong dhuwit. 21 Endhong panah. 22 Lopak-lopak kinang (saka mas utawa slaka). 23 Ajung-ajung diyan. 24 Songgo (songgom) kêndhi. 25 Para piring. 26 Paga abrag-abrag pawon. 27 Tenong panganan. 28 Sumbul sêga. 29 Cèlèngan dhuwit. 30 Kêpis iwak (kêpis sing gêdhe diarani: kêmbu). 31 Gênuk bêras.

Bale. 1 Bale si gala-gala Pd = arane lakon wayang sing nyritakake Pandhawa diobong Kurawa banjur ditulungi garangan putih sing tuduh dalan bisane ngungsi. 2 Kere munggah ing bale Bs = wong asor didadèkake priyayi. 3 Pidak padarakan cèkèl longaning bale Br = wong sudra, turune wong asor. 4 Balemangu = omah pangadilan ing kraton. 5 Balekambang = omah ing têngah sagaran. 6 Bale mandhakiya = papan muja samadi. 7 Bale marcukundha = papane Bathara Guru yèn miyos siniwaka.

Empyak. 1 Jaran krubuhan êmpyak Bs = wong sing kanji bangêt. 2 Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak Bs = kêgêdhèn panjangka kurang sêmbada.

Enggon. 1 Enggon wêlud didoli udhèt Bs = wong pintêr diumuki kapintêran. 2 Kana ênggone kana wite Pt = samubarang sing mbêbayani muga-muga aja nganti nyêdhaki aku.

Gêdhèg. 1 Rai gêdhèg Pb = ora idhêp isin. 2 Gêdhèg atèn-atèn = kosok-baline gêdhèg kulitan.

Gêdhong. 1 Gêdhong-mênga Pd = aji-ajine Kumbakarna sing njalari bisa mangan akèh bangêt. 7 Gêdhong pêtêng Pt = pakunjaran. 3 Digêdhongi dikuncèni Pt = sanadyan diikhtiyari kapriye bae, manawa wis mangsane mati ya mati. 4 Carita pagedhongan = caritane dhalang ing sadurunge ngêtokake wayang. 5 Bayi digêdhong = diubêd-ubêdi jarit awake,

--- 102 ---

tangane lan sikile. 6 Abdidalêm gêdhong = abdidalêm sing tinanggênah rumêksa lêbu-wêtuning dhuwit utawa bandha kraton. 7 Gêdhong minêb jroning kalbu Cd = candrane mangsa Kasapuluh akèh kewan mêtêng lan manuk ngêndhog.

Kandhang. 1 Kêbo ilang tombok kandhang Pb = kelangan barang digolèki ora kêtêmu, malah wuwuh kelangan wragad sing dianggo nggolèki. 2 Kêbo mulih ing kandhange Bs = pangkat oncat saka sawijining waris, pamburine bisa bali marang waris iku manèh. Utawa: wong sing nalika nom nyambut gawe ing papan adoh, barêng tuwa bisa mulih mênyang tanah wutah-gêtihe. 3 Kandhang langit kêmul mega Br = wong sing ora duwe omah. 4 Widarakandhang = padhukuhane Antogopa.

Lawang. 1 Ndhodhog lawang Pt = njaluk supaya lawange dibukak (arêp mlêbu). 2 Kinêban lawang tobat Pt = wis ora bisa olèh pangapuraning Allah. 3 Ugêr-ugêr lawang = anak loro lanang kabèh. 4 Lawang Selamatangkêp Pd = lawanging Suralaya (dijaga Cingkarabala, Balaupata).

Omah. 1 Wangune omah: tikêlan (brunjung, joglo, dudur), limasan, srotongan, kampung, dara-gêpak, gêdhang salirang, klabang-nyandêr lsp. 2 Omah sadhuwuring jaran Bs = madêg kraman. 3 Ngajak ora omah Pt = ngajak bubrah. 4 Ngêdêgake omah ing pawêdhèn Bs = mracaya wong sing ora kêna diêndêl. 5 Pitike wis pomah Pt = wis cumbu. 6 Jago kate wanine ana ing omahe Pt = wong jirih ora wani ninggal omahe nandhingi mungsuh. 7 Suti omah-omah karo Suta = jêjodhoan (kramane: emah-emah). 8 Omah-omah ana ing kutha = manggon (kramane: gêgriya). Entèk dhadhah êntèk ngomah = êntèk babar pisan, ora turah sathithik-thithika.

Panti. 1 Panti = pa + anti = satêmêne atêgês: panggonan ngêntèni. 2 Pantiroga = papan ngrumat wong lara. (Roga = lara. Panti-roga = Indonesia: rumah-sakit). 3 Panti-rapih = papan marèkake wong lara. (Rapih = mari). 4 Panti-sari = omah ing têngah patamanan. (Sari = kêmbang).

Papan. 1 Wis sagêlar sapapan Pt = wis sumêkta sakapuranrtine. 2 Papan jêmbar katon rupak Pd = sanadyan jêmbar dadi rupak, marga omah-omah padha pipit adu cukit, saking karta-raharjaning nagara. 3 Nganggo êmpan papan Pt = tindak-tanduk lan muna-muni kudu dilarasake karo papan, kaanan, wêktu lsp. 4 Papan kang kiwa = papan sing arang-arang diambah.

Pawon. Kakehan pawon Pb = bola-bali ngalih omah.

Pondhok. 1 Pondhok gamblok Pt = pondhok glongsor, pondhok sumpêl, pondhok kringkêl, pondhok ringkuk, pondhok slusup, pondhok tlosor [tlo...]

--- 103 ---

[...sor] = nunut manggon ing omahing liyan. 2 Pondhok karang Pt = pondhok tèmplèk, pondhok rompok = ngindhung ana ing pomahan liyan. 3 Wong mondhok kêrêp kêcênthok Pt = wong mondhok kêrêp disaruwe dening wong sing dipondhoki. 4 Pondhok Panaraga = pasantrèn sing santri-santrine olèhe ngaji lan pamanggone ana ing kono.

Pura. = puraya, dhatulaya, kadhaton, kraton. 1 Singapura = arane kutha. 2 Yasadipura I = Bagus Banjir, pujangga Surakarta. 3 Yasadipura II = Tumênggung Sastranagara.

Ranggon. Kêthèk saranggon Bs = wong-wong nunggal saomah kang awatak ala kabèh (maling lsp).

Saka. 1 Saka-guru = saka gêdhe papat ing têngah, kosok-baline: saka pananggap utawa saka rawa cacahe 12. 2 Adêg-adêg saka = mubêng sêsêr bangêt, katone nganti kaya ora obah. 3 Sakakala Kw = taun Saka, yaiku taun kang pangetunge wiwit jumênênge Ratu Ajisaka, cundhuke karo taun Masèhi kudu diwuwuhi 78. 4 Ajisaka = putrane Empu Anggajali utawa Prabu Iwaksa ing nagara Surati (Indhu).

Sana. 1 Sasana Kw = dêdunung, manggon. 2 Sanabudaya Kw = arane bale (papan) pangrukti wohing kabudayan ing Yoja. 3 Singgasana Kw = dhampar palênggahaning ratu (yèn nuju siniwaka).

Sanggar. 1 Untune sanggar = mawa cawangan. 2 Cènggèr sanggar = cènggèr cêcawangan. 3 Sanggar waringin Pt = wong sing bisa dadi pangayomaning sanak-sadulur. 4 Sanggar pamujan Kw = sanggar pamêlêngan, sanggar palanggatan, sanggar pamidikan, papan muja-samadi.

Talang. 1 Talang pati Pt = talang jiwa = toh nyawa dianggo bêbantên. 2 Talang lumrahe têlês Et = wong dadi lantaran lumrahe mèlu tampa panduman. 3 Lungguhe nyagak talang Pt = ing papan kang kinurmatan kaprênah ing sangisoring dununge talang. 4 Tirtatinalang Pd = nagarane Aswatama.

Tarub = omah apayon kajang utawa blêkêtepe kanggo sajrone duwe gawe. Jaka Tarub = Kidang Têlangkas, nggarwa widadari Nawangwulan pêputra Nawangsih kagarwa Lêmbupêtêng.

Tratag. Mawa tratag = payon tambahan saka kepang lsp. Tratag-rambat = tratag ing sangarêpe sitinggil jaman biyèn mawa wit rambat (sanggalangit lsp).

Cagak. 1 Cagak lèk Pt = srana supaya bisa bêtah mêlèk. 2 Cagak urip Pt = srananing lêstari urip, yaiku pangan. 3 Satus rupiyah nyagak pangan saminggu = cukup kanggo mangan saminggu.

--- 104 ---

4 Nyagak-pat Pt = omah-omah ing palêmahan kamagêrsarèn. 5 Nyagak alu Pt = wong dipracaya wasana ora mitayani.

Cukit. 1 Omahe pipit adu cukit Pt = omahe akèh lan kêrêp bangêt. 2 Cukit-dulit Pt = bakul ênjêt (manawa ngêdoli sarana nyukit utawa ndulit).

Cungkup. Nyungkup kramat bêjad Bs = mbêciki apa-apa kang wis rusak bangêt.

Umpak. 1 Diumpak Pt = dionggrong supaya sênêng atine. 2 Umpak-umpaking gêndhing = têtabuhan utawa lêlagon ing salêbare buka utawa bawa, nanging ing sadurunge gerong. 3 Umpak dêdêring curiga Ws = mêndhaking kêris, dumunung ing antarane ukiran karo ganja.

Wangon. Kauban wangon Pt = ana ing sajroning omah, kosok-baline: sajaban wangon.

Wuwung. 1 Cacah wuwung Pt = mung ngelingi kèhe omah, tanpa dielingi gêdhe-cilike, apike lsp. 2 Adus wuwung Pt = adus têkan sirah (sirahe katut digrujug). 3 Nanggung mloroding wuwung lan owahing sirap Pb = nanggung manawa ora bakal nêmu cilaka utawa kapitunan.

XXXIV. PRABOTING OMAH-OMAH

Pêpilahane: 1 Praboting mangan. 2 Praboting olah-olah. 3 Praboting turu. 4 Praboting rêrêsik. 5 Praboting lêlungan.

Abah. 1 Ora dadi abahan = ora bisa dadi wong bêcik, ora kanggo gawe. 2 Kumurêb ing abahan = masrahake pati-urip, yèn arêp dipatèni (ditigas gulune) ya manut.

Ajang. 1 Tunggal ajang Pb = tunggal sapagawean. 2 Dadi ajanging pêrang Et = dianggo papan campuhing pêrang. 3 Diajangi Et = disadhiyani papan dianggo pista, sarasehan lsp.

Aling-aling. 1 Ora tèdhèng aling-aling Pt = ngêblak bae, blaka, barès. 2 Aling-alingan katon Pb = nêdya ngungkiri kaluputane, nanging banjur kêtitik saka solah-bawa lan gunême.

Bantal. 1 Dasanamane Bantal: kajangsirah, lêmpir, karang-ulu. 2 Bantal dawa Ws = guling. 3 Bantalaning dalan sêpur = kayu utawa wêsi sing dianggo ganjêl ril.

Bêruk. Rara Bêruk = R. A. Patah Ati, putrane Modin ing desa Matah kagarwa Mangkunagara I.

Dom. 1 Ngêdom-êdom Pb = golèk katrangan sarana ngrêrungokake gunêmane wong-wong. 2 Dom sumurup ing banyu Bs = tindak kang alus ora ngatarani, kayata tindake têlik, pulisi

--- 105 ---

sandi lsp. 3 Bali mênyang kinjêng-dome Bs = wong cilik dadi gêdhe, wasana dadi cilik manèh.

Dhingklik. Rai dhingklik Pb = rai gedhèg = rai têki = rai trumpah = ora idhêp ing isin.

Jun. Jun iku yèn lukak kocak Bs = wong iku yèn ora akèh kawruhe sênêng umuk. Lukak = ora kêbak.

Ebor. Kajênanga kaebora Pb = arêp dikapakake mangsa bodhoa, wis dipasrahake.

Èmbèr. Nyangking èmbèr kiwa-têngên, lungguh jèjèr tamba kangên = mung dianggo parikan bae.

Enthong. 1 Ora mambu enthong-irus Pb = wong liya, dudu sadulur. 2 Énthong palwa Ws = wêlah.

Èncèk. Gotong-gotong èncèk Pb = têtulung wong duwe gawe mung ing babagan sing ènthèng-ènthèng bae.

Galar. Nganti krakêt ing galar Pb = mlarat bangêt. Galar = plupuh sing diênggo sèmèk.

Gandhik. 1 Cilik gandhik Pt = cilik nanging rosa: kosok-baline: gêdhe gombong = gêdhe, nanging ora rosa, ringkih. 2 Kucing gandhik Pt = kucing lakèn.

Gênthong. Nggênthong umos Bs = ora bisa ngandhut wadi. Umos = umês, rêmbês.

Guling. Nyumur gumuling Pb = babar pisan ora bisa simpên wadi (luwih bangêt tinimbang: nggênthong umos). Guling Kw = nendra, turu.

Irus. Ngiras-ngirus Pt = nindakake pakarti warna loro bêbarêngan; pêpindhane kaya wong mangan sing ya ngiras ana ing wadhahe lan ya njupuk nganggo irus saka ing wadhah iku.

Karangulu. Ngarangulu Pt = dialap bojo dening ipe kaprênah tuwa ing sapatine mbakyune.

Kasur. 1 Kasur-sari Pt = paturon sing apik, lumrahe mawa kasur lan sinêbaran sari (kêmbang). 2 Tiba kasur Pb = ngalami urip kapenak ora kalawan dijarag. 3 Turu kasur dikêbuti Pb = wis kapenak uripe saya luwih dikapenakake manèh.

Kêlud. Ngakot kêlud Pb = nglakoni pagawean kanthi rêkasa wasana ora ngrasakake pituwase.

Kêndhi. Wani cur-curan banyu kêndhi Pt = wani sumpah. Kêndhi kramane: lantingan. Kêndhi pratola = kêndhi mawa rêrênggan.

Kêndhil. Kêndhile ngglimpang (nggoling) Pt = kêndhile ora jêjêg = uripe kêcingkrangan, kurang mangan.

Klasa. 1 Nglungguhi klasa gumêlar Pb = mung kari nêmu kapenake. 2 Nglungguhi klasklasa. pangulu Pb = ngarangulu. 3 Klasa pasir =

--- 106 ---

klasa sing alus, warnane lumrahe putih. 4 Klasa bangka = klasa kasar, lumrahe ciyut. 5 Klasa pacar = klasa sing mawa corak gêgambaran.

Klênthing. Klênthing wadhah masin Bs = wong sugih, sanajan wis mlarat mêksa isih lumayan uripe.

Krênêng. Mênêng-mênêng ngandhut krênêng Pb = katone ora apa-apa, nanging batine duwe niyat ala.

Kursi. Rêbutan kursi Pt = rêbutan panguwasa.

Layah. Jênang salayah Pb = wong sawatara (akèh) kang wis padha golong pikir.

Lampit. Kêrig-lampit Pt = mêtu kabèh padha bêbarêngan nandangi pagawean.

Lincak. 1 Lincak gagak Pt = mancolot cêdhak-cêdhakan, sing cêdhak dhewe yaiku sing mênang. 2 Gagak lincak Bs = kêrêp ngalih panggonan. 3 Lincak-lincak = mancolot-mancolot amarga bungah. 4 Dasanamane lincak, yaiku: 2) Ambèn = sing digawe kayu utawa pring tanpa sikil (mung diganjêl) dianggo têturon. b) Salu = ambèn sing disèlèh ing pêndhapa dianggo lungguhan (nêmoni tamu). c) Lincak = ambèn mawa sikil 4, dianggo linggihan utawa ndhasarake dagangan. d) Kanthil = sing digawe kayu utawa wêsi mawa sikil 4 lan nganggo langitan (tendha), tarkadhang didèkèki klambu. e) Kanthil-gadhing = kanthil sing digawe saka gadhinge gajah, uga diarani: kanthil-dênta. Dênta Kw = untu. f) Kobongan = pabongan, patanèn = paturon kang dumunung ing têngah (antarane gêdhong wetan lan gêdhong kulon), ora dituroni; mung pangantèn-anyar sing lumrah turu ana ing kobongan.

Munthu. Munthu katutan sambêl Bs = dadine sadulur, marga katut sadulure sing dialap bojo.

Payung. 1 Kuwat payung Pt = bisa dadi wong gêdhe. 2 Payung agung = payung upacara sing mawa krodhong. 3 Payung bèbèk = eyub-eyub sing digawe saka blarak kawangun bundêr. 4 Payung-kalong = payung saka motha (awarna irêng). 5 Payung sungsun = payung upacara sing sungsun loro utawa têlu. 6 Payung Tunggulnaga Pd = Payunge Prabu Yudhisthira. Payung Tunggulnaga iku malihane manuk garudha aran Banarata kang kêtaman jêmparinge Manumanasa. 7 Mbêsêmake payung Pt = nyudakake kaluhuran, marakake kurang kajèn-keringan:

--- 107 ---

Ponjèn. 1 Diponjèni Et = dilêbokake ing ati tumrap pitutur, kawruh lsp). 2 Tumplak ponjèn Pb = mantu anak ragil; sasrahane anak ragil (tukon). Uga atêgês: nganti êntèk babar pisan. Ponjèn = kanthongan wadhah jamu.

Sapu. 1 Sapu règèl = sapu kang mung kari bongkote bae, pucuke wis padha putung lan règèl utawa rigol. 2 Sapu-jagad = arane godhong kelor manawa dianggo tamba; uga arane mriyêm (ing Solo). 3 Sapu ilang suhe Pb = sanak-sadulur sing tangkêpe dadi ora rakêt, marga wis ora ana wong sing minangka dadi têtaline. 4 Sêtyaki sapu-kawat Dwarawati Pd = sing dadi andêl-andêle praja Dwarawati. 5 Nyapu parangmuka Br = nyirnakake mungsuh. 6 Sapu-dhêndha = paukuman. 7 Disaponana: rèk, dibêndhènana: mung = samubarang apa bae kudu kanthi cêtha lan warata.

Sêmprong. Glundhung sêmprong Pb = wanita sing nalika wiwit bêbrayan-urip karo priya ora nggawa apa-apa. Kosok-baline: glundhung suling.

Sendhok. Sendhok porok sêtêngah lusin, mata mlorok ora idhêp isin Pr = parikan iku lumrah dianggo nyênyamah wong sing ora idhêp isin. Empu Sendhok = asmane Ratu Jawa Wetan.

XXXV. PIRANTI WARNA-WARNA (Piranti têtanèn, tênun, misaya iwak lsp).

Alu. 1 Alugora Pd = gêgamane Baladewa. (Gora = goraya = gêdhe. nggêgirisi). 2 Yèn kaku kaya alu, yèn lêmês kêna ginawe tali Br = yèn nuju kaku (atine) ora kêna diêluk babar-pisan, nanging yèn kêbênêr lêmês tansah manut-miturut bae (wêwatêkane Wrêkudara). 3 Cêblok alu Pb = myambut-gawe wong loro tumindake gêntènan.

Anculan. Dudutan lan anculan Bs = wong loro sing wis padha kêkêthikan. Anculan = mêmêdèn sawah dianggo mêdèni ama (manuk).

Apus = tali, pusara. 1 Pring apus = pring sing lumrah dianggo tali. 2 Apus buntut = tali ing buntut jaran. 3 Mangapus = nalèni têmbung utawa ukara, ngarang.

Arit. Mbuntutarit Pb = rêmbuge sajak gampang, nanging yèn ditêmêni jêbul angèl.

Bara. 1 Mbêbara = lunga mênyang manca-desa (manca-nagara) prêlu golèk pangupajiwa. 2 Pirang bara dialêm, ora didukani bae wis bêgja Pt = sukur manawa dialêm ... Bara tan bara Br = ukara sêsumbar, maksude: mangsa abota ora (aku tandhing karo kowe). 4 Petruk tunggu bara Bs = wong ala dipracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane.

--- 108 ---

Bêruk. 1 Wadhuk bêruk Pt = ludhuk, akèh tadhahe pangan. 2 Tuntunan bêruk Pb = wong sing wis tau atindak nistha, kayata ngêmis lsp. Bêruk, pêpindhane bathok sing dianggo ngêmis.

Bumbung. 1 Bumbung wungwang = bumbung sing bolong kiwa-têngên. 2 Sikil bumbung mata laron = gajah. 3 Ana wong ngoyak macan dèn wadhahi bumbung = tumênggung Urawan nyêkêl kraman pangeran Pugêr kanthi gampang.

Dhadhung. Didhadhunga mêdhot, dipalangana mlumpat Pb = wong sing wis ora kêna diêndhakake sêdyane.

Jala. 1 Ampyakên kaya wong njala, krubutên kaya mênjangan mati Pd = kroyokên aku, majua bêbarêngan. 2 Jaladara Pd = Kakrasana, Baladewa. 3 Jalatundha Pd = arane sumur kang uga dianggo dalan njêdhul saka Saptapratala mênyang lumahing bumi; sing sok jumêdhul saka sumur Jalatundha Antarêja utawa Antasena. 4 Jalanidhi Kw = samodra. 5 Têlik mangendrajaya Kw = têlik kang namakake krenah (kajuligan). 6 Jala-jala = tali kêlir.

Jara. 1 Timun jinara Pb = êmpol pinecok = pagawean kang gampang bangêt ditindakake. 2 Tinatah mêndat jinara mèntèr Br = ditatah ora pasah, diêbur ora bisa kêtaton.

Jaring. Bisa njaring angin Pb = bisa nindakake pagawean kang umume wong-wong padha ora bisa.

Garan, 1 Kêna dianggo gêgaran sinau basa Jawa Et = kêna dianggo srana (piranti) sinau basa Jawa. 2 Arane garan: Ukiran kêris. Landheyan tumbak. Sangkal pêthèl. Doran pacul. Walêsan pancing. Têmpurit wayang (sing digawe saka sungu). Popor bêdhil. Pipa rokok. Sopak grip. Dhandhan payung (payung upacara, dudu payung lumrah).

Garu. 1 Mrojol sêlaning garu Pd = bisa oncat saka ing bêbaya sing wis mèh tumiba; utawa: wong sing sêkti mandraguna (bisa mrojol ing akêrêp). 2 Digarokake dilukokake kaya kêbo sing dèblèng Bs = dikon nyambutgawe abot lan prasasat ora tau bisa ngaso.

Gêndhong. 1 Nggêndhongi = awèh têngara manawa ana bêbaya (sarana nabuh lêsung lsp). 2 Ora gêndhong ora titir Pb = ora kandha-kandha, ora wewarta.

Kêluh. Kêbo-sapi dikêluhi, yèn wong dikandhani Pt = manusa iku cukup diêrèh nganggo têmbung.

Kisi. 1 Randha kisi Pt = randha sing duwe anak lanang. 2 Idêpe angisi Pp = gêdhening idêpe sakisi-kisi (Kisi iku kalêbu praboting tênun, gêdhene sadriji, dawane watara 2 dm).

Kitiran. Antêng kitiran Sn = rongèh bangêt, akèh bangêt polahe.

--- 109 ---

Kudhi. 1 Kudhi-pacul singa landhêpa Bs = wis padha dene sinau, kari adu bêgja. 2 Bisa ngrangkani kudhi Bs = bisa momong wong sing angèl bangêt wêwatakane.

Lêsung. Wong gunung adoh lêsung cêdhak lutung Pp = wong gunung kurang ngêrti udanagara.

Lumbung. 1 Gêdhene salumbung bandhung Pp = gêdhe bangêt (lumrahe sing dipêpindhakake ula). 2 Kurung munggah lumbung Bs = abdi dipundhut garwa. 3 Usung-usung lumbung Pb = pagawean siji ditandangi dening wong pirang-pirang bêbarêngan, gotong-royong.

Lumpang. 1 Ilat lumpangên Pt = tatu ngurêng, rasane pêrih. 2 Nyunggi lumpang kênthèng Pb = ngalap wanita darah luhur, niyate golèk pangayoman, nanging gêdhening pangayoman sing ditampa ora sumbut karo aboting sêsanggane. Lumpang kênthèng = lumpang gêdhe saka watu.

Panjang. 1 Panjang-ilang = janur diênam diwangun kaya panjang. 2 Bokonge manjang-ilang Cd = bokong sing wangune sêmu pêsagi. 3 Panjang-putra = piring gêdhe (lumrahe saka porsêlin awarna putih, tarkadhang mawa kêkêmbangan). 4 Kadya panjang-putra dhawah ing sela Pp = kumêpyuring panone priya lan wanita sing gathuk ing pandulu (bêbarêngan nyawang) kang padha dene nduwèni rasa sih-trêsnan. 5 Dadi panjang kidung Pt = misuwur, dadi ojate wong akèh. 6 Nagara panjang apunjung Pd = misuwur gêdhe kawibawane (panguwasane).

Pancing. 1 Dipancing Et = didolop. 2 Gulune ditigas pancing Pt = dikêthok mayat sapisan têrus tugêl. 3 Disêndhal pancing Pt = diuluri dhisik banjur disêndhal kanthi ngêgèt. 4 Gulune pancingên = lara, yèn dianggo ngulu krasa clêngkrang-clêngkring.

Pêthèl. 1 Nyolong pêthèl sasangkal-sangkale Pb = bênêre: nyolong pêthèk = ora cocok karo pêthèke; sawangane ora cocog karo kanyatane; katone kaya wong bodho jêbul pintêr, katone kaya wong mlarat jêbul sugih lsp. 2 Untune sapêthèl-pêthèl Pp = gêdhe-gêdhe bangêt. 3 Sikut pêthèl Pd = sikut kang sêntosa bangêt (Gathutkaca). 4 Glèthèk pêthèle = gampangane.

Pêcing. 1 Luput pêcing Pb = ora kêna diêndhakake karêpe ala. Pêcing = gombal diclupake ing uyuh diênggo nulak ama (cèlèng). 2 Tampa pêcingan Pt = tampa ujuran.

Pêcut. 1 Dipêcut Et = dikandhani nganggo têmbung sêrêng supaya mêmpêng. 2 Kêri tanpa pinêcut Pb = marga rumangsa nindakake [nin...]

--- 110 ---

[...dakake] panggawe ala, sanadyan ora ditarka atine ora kapenak.

Sangkal. 1 Uwange nyangkal putung Pp = awangun mojok, nanging ngrêsêpake. 2 Dhukun sangkalputung = dhukun pijêt sing darbe ngèlmu sangkalputung, bisa marèkake wong sing balunge kêcêklèk utawa kêsleyo.

Sawêt. Pêcat sawêt Pt = têgês lugu: nguculi talining pasangan wluku utawa garu, maksude: lèrèn olèhe mluku nggaru, wisan ing gawe (jam 11 awan).

Sêngkêr. 1 Sêngkêran = kurungan. 2 Disêngkêr = didhèdhèki dening wong gêdhe (tumrap prawan lan liya-liyane).

Sumbi. 1 Wulune lagi sumumbi Pp = lagi mêtu wulune lancip-lancip. 2 Madal sumbi Pb = nyanthulani prentah, atêgês ora tumuli mbangun-turut.

Sunduk. 1 Kutuk marani sunduk Bs = njarag marani bêbaya. 2 Olèh etunge luput sunduke Pb = mungguh ing nalar (theorie) wis bênêr, nanging barêng dicakake wohe ora bêcik. 3 Wis kêbak sundukane Pb = wis kêrêp konangan lupute (alane). 4 Pring dhèmpèt sunduk sate Ws = andha, sujèn (lumrahe ukara candhake muni: kandhaa ijèn marang aku, supaya aja nganti ana wong liya sing krungu).

Tali. 1 Prabu Gunatalikrama Pd = Puntadewa, Yudhisthira. 2 Ngêndhat tali murda Br = nganyut pati sarana nggantung. 3 Natas tali gumantung Pb = jaksa ngadili prakara, karampungane ora tumindak. 4 Kêtula-tula kêtali Pb = uripe tansah ngalami ora kêpenak, kêrêp sangsara. 5 Katalimangsa Pt = kasèp saka ing wêktu kang wis ditêmtokake, kasèp saka ing wangênan. 6 Tali ari-ari = usus gantilane ari-ari. 7 Tali-api = upêt sing digawe saka gombal diplintir. 8 Tali-rasa = urat-sarap. 9 Ditali-pati = ditalèni singsêt sing angèl diudhari, kosok-baline ditali-wangsul. 10 Tali-monce = perangane abah-abah jaran sing trape ana ing êndhas. 11 Tali angin (barat) = tali sing diênggo nalèni êmpyak karo molo. 12 Tali tapak-dara = nalèni katata mrapat. 13 Ditali-warêg = ditalèni kêncêng nuli sindhêtane dipuntir. 14 Cancut tali wanda Br = tandang sarana panganggone (jarite) ditalèkake ing wanda (awak). 15 Arane tali warna-warna:

Sawêt = tali pasangan (ing garu, wluku). Kêluh irung. Upat-upat = pêcut (ing pucuk). Dhadhung = tambang gêdhe. Tambang = tali gêdhe ditampar (kayata: tambang timba). Kênthêng = tali sing dipasang (kanggo watêsing apa-apa, kanggo memean). Tali-godhi = tali sing dianggo ngêrut lar pênjawat. Tali [Ta...]

--- 111 ---

[...li] bandhang = tali (tampar) sing diênggo sabukan prajurit. Uwêd panggalan (gangsingan). Kênur pancing. Ulur layangan. Kolor kathok. Usus-usus kathok. Karsèt arloji. Jala-jala kêlir. Pluntur gong (gêndèr lsp). Klanthe caping. Klamar bêkungkung. Apus buntut. Sêndhêng gêndhewa (sêndharen). Jangêt sangkal (saka walulang). Elis kêndhali. Suh sapu. Jêjêt wêngku. Ambên lapak. Klindhên jantra.

Tampah. Tampah-lêmah = wiwit diwadhahi tampah têkan dikubur ing lêmah, yaiku wiwit lair nganti mati.

Tampar. 1 Ula-tampar = ula cilik awarna blirik (klêbu ula-mandi). 2 Nurut dawane tampar Pb = nglari prakara (kadurjanan).

Têmpaling. Polahe kaya têmpaling Pt = mobat-mabit (ngalor-ngidul ngetan-ngulon golèk butuh).

Tulup. 1 Kaya kêthèk ditulup Bs = lingak-linguk (marga bingung ora ngrêti apa sing kudu ditindakake). 2 Mancak wadhah tulupan Pb = nggaota kang ora bisa ndadèkake. Wancak Kw = walang.

Ulap. 1 Ulap-ulap = walulang blêbêding sangkal. 2 Ora ulap = ora wêdi.

Ungkal (wungkal). 1 Bathuke ngungkal-gêrang Cd = bathuk sing ing wêkasane kiwa-têngên kaya mawa sogokan. 2 Ungkal bênêr lan Blabagpangantolantol Pd = aji-ajine Wrêkudara (asale saka Gandamana).

Uncêg. 1 Mundur uncêg Pb = kêkarêpan (rêmbug) sing tansah ngangsêg bae. 2 Lêngar kêtiban uncêg Pb = wong ora apa-apa kêtiban tarka, didakwa nindakake panggawe ala.

Wêdhung. Kêduwung nguntal wêdhung Pb = nggêtuni prakara kang wis kêpungkur (wis klakon).

Wuwu. 1 Iwak kalêbu ing wuwu Bs = kalêbu ing bêbaya (wisayaning mungsuh). 2 Pangantène lanang nyolong wuwu Pt = unèn-unèn sing lumrah diênggo nggrecoki pangantèn lanang (diucapake dening tamu sing ngurmati) manawa ing wêktu ijabe kabênêr udan nggrêjèh.

XXXVI. GÊGAMAN, AJI-AJI

Dasanama: 1 Gêgaman = sanjata, braja, badhama, dêdamêl. 2 Panah = astra, warastra, sara, bana, braja, margana, sayaka, naraca, jêmparing. 3 Kêris = katga, curiga, dhuwung, suduk, wangkingan, patrêm (kêris cilik agême para putri). 4 Pêdhang = sabêt, klewang, candrasa (pêdhang cêndhak). 5 Gada = dhêndha, bindhi, pênthung, lori (gada cilik). 6 Tumbak = waos, lawung, tlêmpak, trisula (tumbak alandhêp têlu), cis

--- 112 ---

(tumbak landhêpe mlêngkung). 7 Gêndhewa = busur, laras, langkap.

Gêgaman tartamtu: Gada Rujakpolo-Wrêkudara. 2 Gada Wêsikuning-Menakjingga. 3 Gada Rujakbêling-Jayadrata. 4 Gada Alugara-Baladewa. 5 Nênggala Kunta-Baladewa. 6 Sanjata kunta-Karna. 7 Jêmparing Pasopati- Janaka. 8 Sarotama-Janaka. 9 Ardhadhêdhali-Janaka. 10 Arya Sêngkali-Janaka. 11 Cakra-Krêsna. 12 Wijayandanu-Karna. 13 Guwawijaya-Ramawijaya. 14 Surawijaya-Lêksmana. 15 Kêmlandhinganputih-Arjunasasrabau. 16 Barla-Dursasana. 17 Nagapasa- Indrajit. 18 Naracabala-Indrajit. 19 Cundhamanik-Aswatama, nanging pamburine dinarbe Janaka. 20 Pêdhangkangkam-Umarmaya. 21 Kêris Pulanggêni-Janaka.22 Kalanadhah-Janaka. 23 Kaladite-Karna. 24 Salukat-Dewabrata. 25 Pancanaka-Wrêkudara. 26 Kudhi-Sêmar. 27 Arit-Garèng. 28 Pêthèl-Petruk. 29 Wêdhung-Togog.

Aji-aji: 1 Kalimasada-Puntadewa. 2 Wijayakusuma-Krêsna. 3 Ungkalbênêr lan Blabagpangantolantol-Wrêkudara. 4 Balasrewu, Candhabirawa-Salya. 5 Gêdhongmênga-Kumbakarna. 6 Pancasona-Subali (lan uga: Dasamuka, Bomanarakasura). 7 Sêpi-angin-Arjuna, Anoman. 8 Mundri-Anoman. 9 Pamêpêsan-Gandamana. 10 Bandung Bandawasa-Gandamana, Wrêkudara. 11 Lêbursakêthi-Drêstharata. 12 Lindhupanon-Pandhu.

Kaluwihan: 1 Iryasing nabi (bisa marasake wong lara mung sarana pangandika). 2 Mukjijating nabi (bisa nggawe barang malih-warna awujud apa-apa).3 Sabdaning pêndhita. 4 Kramating wali. 5 Mangunahing mukmin. 6 Istijrating kapir. 7 Iyanahing wong duraka. 8 Sihire wong ora ngendahake agama.

Aji. 1 Aji sirêp begananda = kanggo nyirêpi wong. 2 Aji panglimunan = njalari bisa ngilang. 3 Aji jaya-kawijayan = njalari mênang. 4 Aji wringinsungsang = njalari ora pasah gêgaman. 5 Aji pangasihan = njalari ditrêsnani ing liyan. 6 Aji jaran-guyang = dianggo ngarah wanita. 7 Aji pêtak-gêlap-sakêthi = dianggo nggrêtak mungsuh. Lsp. Mr kaca 14.

Astra. Sura-astra adikara Bs = wong kêndêl sing ora ambêk-sikara (ora gumêndhung).

Balang 1 Nututi balang wis tiba. Pb = nusuli rêmbug sing wis dilairake, kasaguhan sing wis dijanjèkake. 2 Nyawat abalang wohe Bs = ngarah wanita kanthi minta-sraya sadulure

--- 113 ---

wanita sing diarah. 3 Mbalang liring Br = nglirik. nyawang sakêplasan. 4 Dibêciki mbalang tai Pb = dibêciki malês ala.

Braja. 1 Brajasutiksnalungid = arane gêlaring baris ing papan rupak. 2 Sumêngka pangawak braja Br = sowan bangsa luhur (ratu) tanpa ditimbali.

Dhêndha. 1 Dhêndha pratikêl Pt = dhuwit dhêndhan ukume wong ora têka ing pangadilan. 2 Sapu-dhêndhane jawata Et = ukume dewa, siksane dewa. 3 Bau-dhêndha Br = alêngên gada, maksude: kuwasa.

Gada. 1 Ngikal gada = ngobat-abitake gada. 2 Isih kuwat ngikal gada Et = isih kuwat ngêmbat lawung Et = isih kuwat maju pêrang. 3 Ngandêlake gada-gitik Pb = ngêdir-êdirake kêkuwatane. 4 Wêruh gada-gitike Et = ngrêti kêkuwatane (mungsuh). 5 Anggada Pd = wanara putrane Subali (miyos saka dèwi Tara).

Gandar. 1 Gandar-iras = gandare (sarungane) karo wrangkane ora sambungan. 2 Mung olèh gandar = mung olèh rupa bagus (ayu), ora ana kaluwihane.

Ganja. 1 Ganja-wulung = ganja karo wilahane (kêris) ora padha warnane. 2 Ora ganja ora unus Bs = rupane ora bagus (ora ayu), watake ala.

Gêndhewa. 1 Asta nggêndhewa pinênthang Cd = sikute sêmu ndêngklèh mlêbu. 2 Asta nggêndhewa dênta Cd = warnane putih sêmu kuning (kaya gadhing). 3 Teja pita, kang taji mawa gêndhewa Ws = layung, panah.

Gunting. 1 Jagang gunting Pt = pring loro diwangun kaya gunting dianggo sanggan. 2 Suduk gunting tatu loro Pb = nindakake pagawean sawarna nandhang kapitunan luwih saka sawarna. 3 Driji gunting Pd = driji sing sêntosa bangêt (Gathutkaca). 4 Srigunting = arane manuk, warnane irêng buntute kaya gunting (manuk cingcinggoling).

Kêris. 1 Kêris sing tuwa tangguhe Pt = kêris sing pêng-pêngan (mandi). 2 Ora kêris nanging kêras Pb = ora pintêr (ora sugih lsp), nanging bisa gawe gêlar. 3 Tumbak bêngkung kêris mlêngkung, Anggajaya ditalikung Pt = sarèhne gêgamane ora nêdhasi (malah rusak), mulane kêna dicêkêl dening mungsuh. 4 Gandrung-gandrung ing lêlurung andulu gêlung kêkêndhon; kêris parung tanpa karya, êdolên tukokna ulêng-ulêng campurbawur Pl = pralambange tanah Jawa (Indonesia) ing sawise jaman Kalabêndu, tata-têntrêm murah sandhang-pangan; wong-wong wis ora prêlu simpên gêgaman, marga wis ora tau ana rêrusuh.

--- 114 ---

Perangane wilahan kêris: pasi, ganja, kêmbang-kacang, lambe-gajah. Dhapure wilahan kêris: naga-tapa (lêncêng), naga-lumaksana (mawa luk). Sandhangane kêris (rêrênggane): ukiran (garan kêris), mêndhak (kaya ali-ali dumunung antarane ukiran karo ganja), wrangka, gandar (sarungan), pêndhok (kramane kandêlan). Dhapure wrangka: gayaman, ladrang (ladrangan utawa jlamprak). Dhapure pêndhok: blewah, bunton (rapêt); blewahane pêndhok lumrahe didèkèki rêrênggan pênyu, pêndhok bunton lumrahe diukir-ukir. Kêris kang misuwur: 1 Sangkêlat lan Pasopati (loro-lorone kêris pusaka kraton Jawa, gaweane Empu Sura putrane Empu Supa ing Sêdayu). 2 Condhongcampur, gaweane Empu Supandriya (bapake Empu Supa), pusaka Majapait. 3 Nagasasra, gaweane Empu Supa-nom (utawa Ki Nom putrane Empu Supa), pusaka Majapait. 4 Crubuk, agême Sunan Kalijaga, gaweane Empu Supa. 5 Jigja, gaweane Empu Singkir (Empu saka Madura). 7 Tilamupih, gaweane Empu Pitrang (Pitrang iku asmane Empu Supa nalika ana ing Blambangan). 8 Sagarawedang, gaweane Sura Nom.

Carane nganggo kêris: 1 Disangkêlit, ana ing buri. 2 Dianggar, ana ing ngiringan (ing lambung). 3 Disothe, ana ing ngarêp (ing wêtêng).

Kikir. Tapaking kikir Br = tapak-paluning pandhe = sisaning gurenda = gêgaman kang saka wêsi.

Lawung. 1 Lawung jêbêng Pt = tumbak agombyok minangka rêrênggan. 3 Ora candhuk lawung Pt = ora têpung babar-pisan. 3 Ora têmbung ora lawung Pb = njupuk barange liyan tanpa nêmbung lan tanpa kongkonan nêmbungake. 4 Kêbo lawung Pt = kêbo umbaran, ora dimagawèkake. 5 Duta panglawung Br = utusan mbalèkmbalik. awêwarta yèn kêtiwasan. 6 Isih kuwat ngêmbat lawung = isih kuwat pêrang.

Mimis. 1 Lonjong mimis Sn = lonjong botor, sêsipatane wong mlayu kang bantêr bangêt. 2 Irung mimisên Pt = mêtu gêtihe (bangsane lêlara). 3 Wanda mimis Pd = potonganing awak kayata Wrêkudara. 4 Tau-tate kramas obat susur mimis Br = tau dibêdhili ora apa-apa, ora tatu.

Palu. 1 Kêpalu-kêpênthung Pt = kapitunan luwih saka sawarna.

Panah. 1 Lakune panah nduduk Pt = ngênêr munggah. 2 Srikandhi maguru manah Pd = arane lakon wayang. Srikandhi dilamar Prabu Jungkungmardeya ratu Paranggubarja ora gêlêm,

--- 115 ---

nuli oncat saka kraton Cêmpala mênyang Madukara njujug taman Maduganda maguru manah Janaka.

Pêdhang. 1 Kara pêdhang = kara gêdhe, gêdhene watara padha karo pête sakêris. 2 Pedhang warangan = pêdhang sing pangasahe sarana diwarangi, sing digawe saka wêsi-aji. 3 Ledhang nêmu pêdhang Pb = wong klonthang-klanthung (ora nyambut-gawe) nêmu kabêgjan. 4 Pêdhang kangkam = pêdhange Umarmaya.

Pêndhok. Mêndhok = golèk piandêl utawa sihing panggêdhe (Pêndhok kramane kandêlan, mulane wong golèk andêling panggêdhe ditêmbungake mêndhok, golèk pêndhok).

Pênthung. 1 Tulung mênthung Pb = katone têtulung, nanging saya agawe sangsarane. 2 Tulung kêpênthung Pb = têtulung, wasana nêmu cilaka. 3 Mênthung koja kêna sêmbagine Pb = rumangsane untung, satêmêne kapusan.

Rajah. 1 Rajah-tamah Kw = pêpenginan lan kamurkaning ati. 2 Rajah Kalacakra Pd = rajah kang ditulis dening Bathara Guru ing bathuke Bathara Kala, kèhe wolung ukara-walikan, yaiku:

a) Ya Maraja Jaramaya = èh Maraja Jaramaya (ratuning pangrêncana).

b) Ya marani nira maya = èh kang nêkani, ilanga kêmayanmu.

c) Ya si Lapa pala siya (siha) = èh kang gawe luwe, ngêsihana pangan.

d) Ya midoro rodomiya = èh kang mlarati, anjupukana.

e) Ya midosa sadomiya = èh kang nyikara, aja anangsaya.

f) Ya da-yuda da-yuda-ya = èh kang mêrangi, ilanga jayamu.

g) Ya siyaca caya siya (siha) = èh kang ambêk-siya, asiha cayaku.

h) Ya si hama maha siya (siha) = èh kang dadi ama, dadia luwih asih. *)§ Padhalangan "Panjangmas" tahun II No 5.

Sara. 1 Sara prana pêndhita murcita Slk = pêndhita (wong) cilaka marga têtulung marang durjana. 2 Anara wacana Pb = têgêse lugu: njêmparing nganggo têmbung (anara = an + sara), maknane: jaksa ngajak rêmbugan karo salah-sijine sing prakaran. 3 Lumêpasing jêmparing saka langkap mbarubul anarawata Br = lumêpasing panah saka gêndhewa tanpa kêndhat.

--- 116 ---

Sanjata. 1 Luput ing sanjata uwa Bs = kalis ing walat, ora bisa kêtaman wêwalak. 2 Sanjata pamungkas Pt = gêgaman pêng-pêngan (ampuh, mandi) diênggo nyirnakake mungsuh.

Suduk. 1 Suduk maru = lading kang landhêpe kiwa-têngên. 2 Pêdhang suduk = pêdhang kang landhêpe kiwa-têngên. 3 Suduk salira Br = nglalu pati sarana nyuduk wêtênge (dhadhane) dhewe.

Taji. 1 Masang taji Pt = didakwa malês ndakwa. 2 Endha mangiwa endha manêngên kaya prênjak tinaji Pp = olèhe endha cukat kaya prênjak ditamani pasêr utawa panah.

Tamèng. Apa kang ana ing kowe tibakna, daktamèngi dhadha Br = kowe duwe gêgaman apa tamakna ing awakku dak tadhahane dhadhaku.

Tumbak. 1 Tumbak braja = tumbak sing landhêpe lima. 2 Tumbak berang = tumbak mawa landeyan cèt-cètan. 3 Tumbak lilitwi = tumbak landeyane dicèt lorèng-lorèng. 4 Tumbak tambuh Pb = amitambuhi, api-api ora ngrêti. Kyai Biringlanangan lan Dhandhangmungsuh tumbake Arya Panangsang. 5 Matang tuna numbak luput Pb = kabèh panjangkane (ikhtiyare) ora bisa kalêksanan. 6 Tumbak Biring, gaweane Empu Pitrang (asmane Empu Supa sajrone ana ing Blambangan). 7 Baru klinthing, tumbake Ki Agêng Mangir. 8 Kiyai Plèrèt, tumbake Panêmbahan Senapati.

Cakra. 1 Cakra-byuha Kw = gêlaring baris wangun buwêngan. 2 Cakrawala Kw = gathuking langit karo bumi (êntèk-êntèkaning pandêlêng). 3 Cakrawaka Kw = mliwis. 4 Cakrawarti Kw = têgêse lugu: kang ngubêngake jagad, maksude: sing ngêrèh jagad, yaiku ratu. 5 Ratu nyakrawarti (nyakrawati) Kw = ratu sing ngêrèh jagad, ratu agung (kuwasa bangêt). 6 Kacakrabawa Kw = ditarka, didakwa. 7 Cakrakêmbang Pd = Kahyangane Kamajaya. 8 Nyakramanggilingan Kw = têgêse lugu: tansah mubêng kaya jinantra, maknane: lair timal-tumimbal, tumitah ing donya wola-wali. 9 Dhênta-dhênti kusuma warsa sarira cakra Slk = pangadilan sing jêjêg, tibaning putusan dingibaratake: Gadhing (dhênta), yèn wis mêtu ora kêna dilêbokake manèh; kêmbang (kusuma) yèn wis mêgar ora bisa mingkup manèh; udan (warsa) yèn wis tiba ora bisa bali manèh; panah (cakra) yèn wis lumêpas uga ora bisa mbalèk. 10 Rangsang Cakrakusuma = Sultan Agung.

Curiga. 1 Parang-curiga = araning corak bathikan. 2 Wrangka manjing curiga Lb = badan-wadag kawasesa dening badan-alus. 3 Utamane priya kudu ndarbèni: curiga, wisma, wanita, turangga, kukila = kudu landhêp pikire, momot atine, alus tindak-tanduke, têguh batine, alus wicarane.

--- 117 ---

Watang. 1 Urang watang = urang gêdhe. 2 Nggêntèni watang putung Bs = nggêntèni pangkate wong sing kêpêdhotan waris. 3 Nyambung watang putung Bs = ngrukunake wong pasulayan. 4 Sandhung watang Pt = prakara sing ora kêna ditêrak, yèn ditêrak nyilakani. 5 Lêbar watang Pt = wayangan malêm Minggu ing kraton, yaiku salêbare Sêton. (Ing dina sêtu prajurit padha gladhi ulah pêrang sarana migunakake sodor utawa watang, bêngine ing kraton wayangan). 6 Arêp jamure êmoh watange Pb = gêlêm mèlu ngrasakake wohe (enake), nanging wêgah rêkasa. 7 Matang bubukên Bs = nggugat ora ditêrusake. 8 Lunga pêrang putung watange Pl = pralambange R. Patah olèhe nênêlukake para adipati sing isih agama Buda dibiyantu para wali lan para mukmin, akèh wong mukmin sing tumêka ing tiwas. 8 Sarik dalan sandhung watang = alangane laku marga nêmu pakewuh kang bisa uga nganti njalari anane rajapati utawa rajatatu.

XXXVII. GAMÊLAN, TONTONAN

Jinising gamêlan: 1 gamêlan Klênèngan (ing Ngayoja diarani Gangsa uyon-uyon madya), ricikane ora pêpak, yaiku: rêbab, gêndèr, gambang, slênthêm, saron, kênong, kêmpul, gong, kêthuk, êmpyang, êngkuk, suling, clêmpung, kêndhang, kêpyak (kêprak). 2 Gamêlan Gêdhe, ricikane kaya gamêlann Klênèngan, nanging luwih pêpak, sabab diwuwuhi: bonang, dêmung, saron panêrus, gong gêdhe. 3 Gamêlan Gadhon, ricikane mung njupuk saprêlune: slênthêm, gêndèr, gambang, suling, kêndhang, kêthuk, kênong, gong. 4 Gangsa sêngganèn, sing digawe saka prunggu, ricikane akèh awujud wilahan. 5 Gangsa alit, kaya gangsa Sêngganèn, nanging sing digawe saka wêsi utawa kuningan. 6 Gangsa Monggang, mung nganggo titilaras 3 warna: panunggul, nêm.lima, kanggone yèn ana upacara kraton (miyose ratu ing sitingghil). 7 Gangsa Monggang patalon, ditabuh dina Sêtu (miyose ratu ing sitinggil nêdya mriksani gladhèn pêrang). 8 Gangsa Kodhokngorèk, kanggo ngormati dina gêdhe. 9 Gangsa Carabalèn, kanggo nabuhi gladhèn pêrang utawa wirèng.

Gamêlan sing misuwur: I Kraton Sala: Gamêlan Sêkatèn Nagajenggot lan Kyai Jimat, Larasati, Pangasih, Gunturmadu, Kancilbêlik, Kadukmanis, Manisrêngga: II Mangkunagaran: Kanut mèsêm, Udanasih, Udanarum, Lipurtambanêng. III Kraton Ngayoja: gamêlan Sêkatèn Nagailaga lan Guntursari, Harjanagara, Harjamulya, Madukèntir, Siratmadu, [Si...]

--- 118 ---

[...ratmadu,] Mêdharsih, Mikatsih. IV Pakualaman: Pangawesari, Tlagamuncar.

Baladewa. Baladewa ilang gapite Pb = ilang kêkuwatane (kasêktène, panguwasane).

Bêdhug. 1 Bêdhug têlu = subuh, jam 4 esuk. 2 Pasa mbêdhug Pt = pasa têkan wayah bêdhug (jam 12). 3 Bêdhug dawa Pt = bêdhug jam 12 bêng.bêngi. 4 Dohe lakon sabêdhug Pt = dohe yèn dilakoni bisa têkan ½ awan (6 jam). 5 Emprit abuntut bêdhug Bs = prakara sapele dadi gêdhe.

Bima. 1 Bima akutha wêsi Bs = wong puguh bêbudène, utawa: dhasar kuwat mawa papan sêntosa. 2 Bimakunthing Pd = Sêtyakli. 3 Bimalukar = tuke kali Sêrayu (ing Diyèng, gunung Prau).

Blero. Blero pandulune Pt = têgêse lugu: yèn ndêlêng katon dhumpyuk, maknane: bingung pamilihe. 2 Gamêlane blero Pt = larase ora bênêr.

Bêndhe. 1 Sasore bêndhe Pt = sadawaning sore. 2 Bêndhe Pancajannya lan Dewadhênta = bêndhene Krêsna (tansah gumantung ing kreta apangirid turangga 4). 3 Bêndhe Kyai Macan = bêndhene Sunan Kudus. 4 Kyai Bicak = bêndhe-pusaka ing Mataram, asale saka Ki Agêng Sela; biyèn-biyène bêndhe iku kêmpuling gamêlan darbèke dhalang mbêbarang aran Bicak sing dipatèni dening Ki Agêng Sela.

Gangsa. 1 Pusara pangikêt gangsa Ws = pluntur. 2 Digangsa = digorèng nganggo diulêt gula. 3 Gasa saka: têmbaga + rêjasa.

Gong. 1 Ngêgongi Et = ngiyani, mupakati gunême liyan. 2 Gong bonjor = gong bumbung diênggo ngêgongi gamêlan angklung. 2 Nggantung gong Et = duwe gawe nganggo nênanggap (wayang lsp). 4 Gong muni sasêle Bs = mriksa prakara lagi ngrungokake paturane wong siji, sijine durung dipriksa (durung ditakoni). 5 Gong lumaku tinabuh Bs = kumudu-kudu ditakoni.

Grantang. Sambate kaya grantang Pt = sêsambat tanpa kêndhat. Grantang = gamêlan saka pring.

Kêmpul. Nyuwuk kêmpul Pb = ngrêribêdi wong rêmbugan.

Kêndhang. 1 Pasa tutup kêndhang Pt = nglakoni pasa mung ing dina wiwitan lan wêkasane sasi Pasa bae. 2 Kêndhangan dhêngkul Pt = ngenak-enak ora nyambut gawe.

Kêthuk. Thênguk-thênguk nêmu kêthuk Pb = ora nyambut gawe nanging gêdhe rêjêkine.

Kosok. Ora angon kosok Pb = ora nangguh wêktu kang prayoga; pêpindhane niyaga sing ora nggatèkake unine kosok (rêbab);

--- 119 ---

kosok muni pathêt manyura umapane, ana niyaga sing nabuh gamêlan pathêt nêm utawa pathêt sanga.

Laras. 1 Gamêlane ora laras = blero. 2 Gunême ora salaras karo tindake = ora cocog. 3 Mundur palarasan Pt = lunga saka ing pajagongan (pasowanan) tanpa pamit. 4 Larase gamêlan warna 4: slendro, pelog, barang, laras miring. 5 Endhèk-dhuwure panglaras diarani êmbat, ana warna 3: Embat Larasati (kênès), êmbat Nyundari (ruruh), êmbat lugu (barès).

Pathêt. 1 Pathêting gamêlan slendro: pathêt nêm, pathêt sanga lan pathêt manyura. 2 Pathêting gamêlan pelog: pathêt lima, pathêt nêm utawa pathêt bêm lan pathêt barang. 3 Kêpathêtên Pt = ora bisa lunga nêrusake laku, marga kêpalangan udan lsp.

Suling. Glundhung suling Pt = priya sing nalika wiwit omah-omah karo wanita ora nggawa apa-apa (tanpa gawan). Yèn tumrap wanita ditêmbungake: Glundhung sêmprong.

Tabuh. Kênthonganmu tabuhên Pt = kowe têtakon (manawa ora ngrêti panggonane, yèn bingung lsp.

Togog. Nogog Pt = têka ing omahe liyan mung murih warêging wêtêng.

Wayang. 1 Mung sadrêma dadi wayang Pt = sadrêma nglakoni. 2 Wayang-wuyungan Pt = ora karuwan solahe (marga bingung lsp). 3 Winayang = Naya, mangsa Kanêm. 4 Wayang warna-warna, yaiku:

a) Wayang bèbèr = olèhe mitongtonake sarana dibèbèr (dijèrèng), isine kayata nyritakake lêlakone Jaka Kêmbangkuning lsp.

b) Wayang Purwa = baboning carita buku Ramayana, Krêsnayana lan Mahabarata.

c) Wayang Madya = kaya wayang Purwa, nyritakake wiwit Prabu Gêndrayana ing Astina têkan Lêmbusubrata ing Majapura, yaiku lakon ing salêbare Prabu Parikêsit ing Astina. (Yèn wayang Purwa nyritakake lêluhure Pandhawa têkan Prabu Parikesit).

d) Wayang Gêdhog = kêna diarani Wayang Wasana, nyritakake wiwit Lêmbusubrata têkan Panji Kudalaleyan ing Pajajaran, sing misuwur dhewe lakon Panji Putra (Jênggala).

e) Wayang Klithik = wayang Krucil, nyritakake Pajajaran têkan Majapait Brawijaya wêkasan, sing misuwur lakon Damarwulan - Menakjingga.

f) Wayang Golèk (wayang Thêngul), nyritakake lêlakone Menak (Jayèngrana, Amir Ambyah).

--- 120 ---

g) Wayang Suluh = wayang sing tuwuhe ing jaman parjuangan (tahun 1946) nggancarake babad (sêjarah), surasane dianggo nênangi sêmangating rakyat.

h) Wayang wong.

Wayang Purwa, wayang Madya lan Wayang Gêdhog sing digawe saka walulang. Wayang bèbèr saka barang sêmbêt (gombal, cita). Wayang Golèk saka kayu adhapur rêca, wayang Krucil saka kayu adhapur gèpèng. Wayang Suluh saka karton.

Wayang wong, critane padha karo wayang Purwa, nanging digawe cêkak.

Kajaba wayang, sing klêbu tontonan kayata:

a) Badhaya, ing kraton cacahe 9, ing Mangkunagaran lan Pakualaman cacahe 7 (kabèh wanita).

b) Srimpi, wanita 4.

c) Jogèd golèk, wanita 1, maknane nggambarake wanita (prawan) kang nêdhêng birahi.

d) Bondhan, wanita 1, nggambarake sênênging atine wanita sing mêntas duwe anak. Nanging jaman saiki ana Bondhan Tani, Bondhan Sarinah lsp.

e) Wirèng, nggambarake gladhèn kaprajuritan, sing njogèd priya utawa wanita.

f) Pêthikan, mèmpêr wirèng, katindakake dening priya utawa wanita, utawa campuran.

g) Langêndriya, sing dadi kabèh wanita, antawacanane nganggo têmbang, nyritakake Majapait - Blambangan (Damarwulan - Menakjingga).

h) Langênwanara, nyritakake Ramawijaya lan wadya wanara nglurug mênyang Ngalêngka: wanara lan danawa nganggo topèng.

i) Topèng, critane padha karo wayang Gêdhog.

j) Ludrug, sing dadi wong lanang kabèh, nanging macak (manganggo) wanaita. (*)§ Ing Ludruk (biyèn) anajênêng: Bêsut, Jamina, Santinèt.

k) Andhe-andhe-lumut, nyritakake Panji Putra.

l) Reyog, jathilan, jarankepang (èbèg).

m) Kêthoprak, lair ing Surakarta, ngrêmbaka ing Yogyakarta, nyritakake babad. n) Dhagêlan Mataram, nyritakake roman.

o) Dholalak lan gambus.

--- 121 ---

XXXVIII. KEWAN

Dasanama: 1 Manuk = kaga, kukila, pêksi. 2 Asu = sona, srênggala, anjing. 3 Kêthèk = wre, kapi, rewanda, joris, wanara, palwaga, kapila. 4 Gajah = dirada, dipangga, èsthi, liman. 5 Jaran, aswa, kuda, wajik, undhakan, turangga, titihan. 6 Macan = mong, arima, arimong, sardula, singa, sima, pragalba. 7 Ula = sarpa, taksaka, naga, ardawalika. 8 Iwak = mina, matswa (maswa), ulam. 9 Kodhok = wiyangga, canthuka. 10 Banthèng = angun-angun, andaka, nandaka, jawi. 12 Mêrak = badhak, cohung, manyura. 13 Kidang = arina, saraba, cêmuru,wariga. 14 Kêbo = andanu, maisa, mundhing. 15 Cacing = wrejit, wrecita, lusi, nahuti. 16 Galak = lodra, rota, krura, wiroda. 17 Gardaba = kuldi. 18 Garagati = kêmlandhingan. 19 Kêndhêla = kinjêng. 20 Endhog = antêlu, antiga. Anak kewan: Asu-kirik. Cèlèng-gênjik (jagar). Cêcak-sawiyah, Kucing-cêmèng. Kutuk-beyongan (kocolan). Iwak kakap-pelak. Kodhok-cebong (prêcil). Kêbo-gudèl (gondhèk). Sapi-pêdhèt. Jaran-bêlo. Kethèk-cênguk (munyuk) kênyung, Lutung-kowe. Dara-piyik. Tikus-cindhil. Warak-plêncing. Tuma-kor (êndhoge aran lingsa). Wêlut-udhèt. Wêdhus-cêmpe. Lintah-pacêt. Pitik-kuthuk. Lele-jabrisan. Yuyu-bèyès. Mênjangan-komprèng. Kidang-komprèng. Enthog-minthi (èndhèl). Banyak-blêngur. Mêrak-uncung. Brati-tongti. Macan-gogor. Glathik-cècrèkan. Tawon-gana. Gajah-blêdug.Bulus-kêtul. Baya-krete. Bèbèk-mêri. Kadhal-tobil. Babi-gêmbluk. Ngangrang-kroto. Buta-wil. Kucing-cêmèng.

Turun campuran: Blastêr-dara karo putêr. Brati-bèbèk karo enthog. Warèng-pitik lumrah karo kate. Bêkisar-pitik lumrah karo ayam-alas. Bêkikuk-pitik lumrah karo bêkisar. Bihal-jaran karo kuldi.

Lanang-wadon mawa aran dhewe-dhewe: 1 Bênce = puyuh lanang, yèn wadon aran gêmak. 2 Bandhot = wêdhus lanang. 3 Mimi = lanang (bangsane yuyu sagara), yèn wadon mintuna. 4 Pêlèn kêbo lanang. Tuhu iku lanang, yèn wadon aran kulik. 6 Jago (lincir),lancur. yèn wadon babon (dhara).

Kewan wis tuwa: 1 Bangkong (kongkang) - kodhok. 2 Bangkokan-kêthèk. 3 Kawuk-mênyawak. 4 Pêlus-sidhat.

Pamangane kewan: glathik nisil, piyik nothol, bèbèk (enthok lan banyak) nocor (nosor), cèlèng nggogos, macan (kewan galak) mangsa utawa nggaglag, ula nguntal, baya nyaplok, kêthèk ngakoti, tikus (bajing) ngrikiti, rajakaya nyênggut, asu nocok, buta mbadhog (nggaglag).

--- 122 ---

Unining kewan: jaran mbêkèr (mbêngingèh), manuk ngocèh, prêkutut (dêruk lan putêr) manggung, pitik pêtog-pêtog, jago kluruk, kodhok ngorèk, gangsir ngênthir, gêmak mêlung, asu mbaung (ngalup, njêgog), mêrak nyêngunglong, kêbo mbêngah, dara bêkur, jangkrik ngêrik, macan nggêro (nggêrêm), kêthèk mêre, gajah ngêmprèt, naga ngakak, buta ngêrik.

Jênênge wong nganggo arane kewan: 1 Ayamwuruk, Ratu Majapait IV (1350 - 1389). 1 Gajah-mada, Patih Majapait. 3 Narasingamurti, eyange Radèn Wijaya (sadulure Ranggawuni). 4 Lêmbuamiluhur, Ratu Kêdhiri sing pêputra Panji Putra. 5 Lêmbupêtêng, putrane ratu kang siningidake. 6 Siyungwanara, putra Pajajaran sing nglabuh Sri Pamêkas. 7 Kidangtêlangkas, putrane Sèch Maulana miyos saka Dèwi Rasawulan (Dèwi Rasawulan iku putrane Bupati Tuban). 8 Kêbokênanga, adipati Pêngging sing pêputra Jaka Tingkir. 9 Kêbokanigara, adipati Banyubiru sadulure Kêbokênanga. 10 Banyakngampar, Banyakcatra, Banyakblabur, putra Ratu Pajajaran.

Ayam. 1 Wadyabalane wutuh ayam Pt = wutuh-gêtuh, ora ana sing mati. 2 Nusup ngayam-alas Pp = lumaku nasak-nasak gêgrumbulan lan bêbondhotan. 3 Rêm-rêm ayam Pt = layap-layap, mêrêm-mêlèk, mèh turu. 4 Patine cinèkèr ayam Pt = Mr gajah.

Andaka. 1 Nglancipi singating andaka Bs = wêwadul marang panggêdhe murih dukane. 2 Kadi andaka tawan kanin Br = kaya banthèng kêtaton, tandange nalika ngamuk nggêgirisi. 3 Andaka kêtawan wisaya Bs = wong prakaran, ngrêti manawa bakal kalah banjur minggat. 4 Ngudang singating andaka = nantang wong lagi muring.

Angun-angun. Angun-angun ngadu pucuking ri Slk = wong ngadili mawas lan nandhing kaanane wong sing nggugat lan wong sing digugat.

Asu. 1 Asu arêbut balung Bs = rêgêjêgan prakara sapele. 2 Asu bêlang kalung wang Bs = wong asor, nanging sugih. 3 Asu gêdhe mênang kêrahe Bs = panggêdhe, sanadyan luput wasanane mênang olèhe prakaran karo andhahane. 4 Asu munggah ing papahan Bs = ngalap randhane kakangne. 5 Kaya asu karo kucing Bs = ora bisa rukun. 6 Sadulur asu Pt = tunggal biyung. 7 Asu buntung Ks = têtêmbungan diênggo ngunèn-unèni wong ala.

Bajul. 1 Bajul buntung Pt = wong sing sênêng bêbedhangan. 2 Bajul dharat Pt = bajingan.

--- 123 ---

Baya. 1 Bayatara Kw = mbêbayani. 2 Bayawara Kw = dhawuh saka dhêdhuwuran sing diundhangake. 3 Kêbaya-baya Pb = tansah nandhang cilaka. 4 Kêtiban tai baya Pb = ditarka, didakwa. 5 Kêsanja baya Pb = nêmu cilaka ana ing purug. 6 Kalingga baya Pb = kalingga ubaya = prakara sing wis kalingan janji. 6 Kinêpung wakul binaya mangap Pp = dikêpung mungsuh lan uga rinabasa. 8 Ngamuk punggung sura tan taha nirbaya nidwikara Br = ngamuk kanthi nekad bangêt ora wêdi apa-apa.

Banyak. 1 Gulu-banyak = gulu sing kaduk dawa; utawa: gagange kêmbang gêdhang. 2 Banyak-angrêm = arane lintang. Bathuk-banyak Pp = bathuk sing kaduk nonong. 4 Banyakdhalang, sawung-galing, ardawalika Pd = ampilan (upacara kaprabon) awujud pêpêthaning banyak, jago, ula (sing digawe saka êmas). Prabu Ardawalika Pd = ratu ing Malawa. 5 Ombak (alun) bêbanyakan Br = gêgulungan.

Banthèng. 1 Setyaki bêbanthèng Dwarawati Pd = andêl-andel, gêgêdhug, gêgembong. 2 Nyundhang bathang banthèng Bs = njunjung darahing aluhur sing wis apês.

Bèbèk. 1 Bèbèk mungsuh mliwis Bs = pintêr padha pintêr mêmungsuhan, sing siji kalah ubêd. 2 Opor bèbèk mêntas awake dhèwèk Bs = bisa mêntas saka kaskayane dhewe (ikhtiyare dhewe). 3 Bèbèk diwuruki nglangi Bs = wong pintêr diwuruki. 4 Bèbèk ngawula mêri Bs = wong tuwa manut marang wong nom. 5 Caping bèbèk = caping gêdhe, perangan buri mayuk mangisor nutupi gêgêre sing nganggo (dianggo wong angon bèbèk).

Bêlo. 1 Bêlo melu sêton Bs = wong mung anut ing grubyuk bae. 2 Ala bêlo bêcik jaran Bs = nalika isih cilik rupane ala, barêng wis diwasa ayu (bagus).

Bêluk. Bêluk ananjak Bs = nggugu sakarêpe dhewe. (bêluk = manuk kukuk-bêluk, manuk guwêg).

Bubuk. 1 Bubuk olèh lèng Bs = darbe sêdya ala olèh dalan prayoga, saya olèhe ngangseg. 2 Matang bubukên Pb = kaya watang gapuk (rusak) dening bubuk, maksude: nggugat ora ditêrusake.

Bulus. Akal bulus Pt = cara ngapusi sing kurang julig, gampang dingrêtèni dening liyan.

Dhandhang. 1 Ndhandhang-elak Pt = ngajap murih enggal nêmu cilaka, mati lsp. 2 Kuntul diunèkake dhandhang, dhandhang diunèkake kuntul Bs = sing bêcik dikandhakake ala, sing ala dikandhakake bêcik. 3 Dhandhanggula = Dhandhanggêndhis, Gula drawa, Sarkara, Hartati.

--- 124 ---

Dêlêg. Mburu ucêng kelangan dêlêg Pb = ngarah barang sapele, kelangan barang gêdhe.

Dipa = sorot, gêdhe, gajah. Dipangga = dipa + angga = sing mawa awak gêdhe yaiku gajah. Jamurdipa = gunung ing Suralaya. Jawa dipa = pulo Jawa. Dumipèng rat = sumorot ing jagad.

Dhuyung. Kêna ing dhuyung Bs = kêtaman ing guna-sarana.

Jago. 1 Jago mlile Pt = priya sing ora wani marang wanita (pêluh). 2 Jago tanggon Pt = jago sing kêna diêndhêlake. 3 Kêtanggor jago tanggon Pt = olèh tandhing (mungsuh) sing pêng-pêngan. 4 Gadhangan jago patohan Pt = calon wong pêng-pêngan (linuwih). 5 Jago godhogan Pt = jago bêlean, jago mung sadhiyan dibêlèh dialap danginge; entar: wong ora wani gêtih, jirih. 6 Jago kate wanine ana ing omahe Pt = wong jirih ora wani mapagake krodhaning mungsuh. 7 Jago wiringgalih jalu mungal Pt = jago sing adate mênangan: entar: wong sing pêng-pêngan bangêt. 2 Jago kluruk = araning wêktu.

Jalak. 1 Tapak-jalak = garis prapatan lêlirune tandha-tangan. 2 Tunggang-jalak = araning githoking rajakaya (jaran lsp). 3 Jalak ampir Pt = lêlungan nganggo mampir-mampir, bola-bali mandhêg. 4 Jalak mêmpan Pb = bênêre: unjal angêmpan = nyambut-gawe saka sathithik. 5 Njalak dinding Cd = candraning laku (tumrap wanita)

Jangkrik. 1 Kaya jangkrik mambu kili Pp = tandange wong ngamuk sing waringutên. 2 Jangkrik genggong Ws = gangsir; utawa araning gêndhing.

Jaran. 1 Jaran sêmbrani Pd = jaran sing bisa mabur, kayata jaran ing Suralaya sing aran Ocesrawas lan jarane Wong Agung Menak (Jayèngrana Ratu ing Pusêrbumi) sing aran Sekardwijan. 2 Jaran krubuhan êmpyak Bs = wis kanji bangêt. 3 Omah sadhuwuring jaran Pb = madêg kraman. 4 Kaya nunggang jaran ebeg-ebegan Pb = bungah bangêt. 5 Gagakrimang = arane jarane Arya Pênangsang. 6 Jênênge jaran sing nggèrèd kretane Krêsna: Ciptawalaha, Abrapuspa, Sukantha lan Senasêkti.

Arane mathine jaran sing bêcik: 1 Surtiman = unyêng-unyênging jaran dumunung ing janggut. 2 Sanggabuwana = ing ngiringan lambe ngisor. 3 Tadhah donya = ing tênggok. 4 Dhandhangsêsumping = ing poking kuping. 5 Jayèngrana = ing pucuking kuping. 6 Wutah-ati = ing andhêman têngên. 7 Baurêksa = ing bau ngarêp. 8 Jayapurusa ing sikut. 9

--- 125 ---

Darawibawa = ing garès têngên. 10 Jagamuksa = ing pathak ana unyêng-unyêngane jèjèr têlu. 11 Trajumas = ing pathak ana unyêng-unyêngane jèjèr têlu, nanging sing têngah rada mandhuwur.

Mathine jaran sing luwih bêcik: 1 Bakasambegana = ing pathak mawa unyêng-unyêng jèjèr luwih saka lima. 2 Rajayuwana = ing têngah gulu. 3 Sujèncacap = ing ngarêp andhêman. 4 Surung = ing ngisor silit. 5 Rêsi manungku = ing sikut. 6 Lamban = unyêng-unyêng mung siji ing sikil buri. 7 Sakapanggung = ing sikil papat pisan. 8 Satriya pinayungan = ing gigir kiwa.

Mathine jaran sing ala: 1 Samparwacana = ing iringane lambe dhuwur. 2 Bisu tinukup = ing pipi. 3 Sangkal akalung = ing gulu saburine pipi. 4 Dhandhangmala = ing sacêdhake pipi ngisor. 5 Dhandhang angrêm = ing andhêman ngisor. 6 Suduk = ing iring wêtêng. 7 Bayangangsar = ing wêtêng rada mêmburi. 8 Tandur-ingas = ing konthol. 9 Kombanganglèng = unyêng-unyêng mlêbu ing silit. 10 Kombanganglèng = bobate mlêbu ing silit. 11 Tambangarsa = ing dhêngkul bênêr. 12 Daramangkat = ing garès têngên. 13 Baya kêpêthuk = ing pathak jèjèr loro ngisor-dhuwur. 14 Trajumas = jèjèr têlu sing têngah rada mangisor. 15 Buntêl mayit = unyêng-unyêng muwel ing suri. 16 Tadhah-tangis = ing sangisor suluhan. 17 Tadhah-luh = ing sangisor mata. 18 Andhamustaka = ing dhuwure dhêngkul sikil ngarêp. 19 Lan liya-liyane.

Joris. Joris baris Bs = wong sing ngadhang-adhang luputing liyan.

Emprit. 1 Emprit nêba = gêlaring baris, wadyabala akèh bêbarêngan ngrabasa mungsuh. 2 Emprit abuntut bêdhug Bs = prakara sapele dadi gêdhe.

Endhog. 1 Ngêndhog lalêr Pp = pating trutul irêng-irêng (njamur), marga têlês ora tumuli bisa garing (tumrap sandhangan sing awarna putih). 2 Endhog sapatarangan, pêcah siji pêcah kabèh Bs = wong-wong sing wis golong pikir. 3 Pêndhitaning êndhog Pb = pêndhitaning antêlu = pêndhitaning antiga = ing lair katon suci, nanging batine ora suci. 4 Njagakake êndhoge si blorok Pb = ngêndêl-êndêlake barang sing durung karuwan. 5 Lonjong êndhog Pp = kaananing sêsipatane wong lumayu sing bantêr bangêt. 6 Cangkir êndhog satugêl = cangkir cilik tanpa cêkêlan.

Gajah. 1 Gajah tumbuk kancil mati ing têngah Bs = wong luhur pasulayan, wasana wong cilik sing nêmu cilaka. 2 Gajah ngidak rapah Bs = ora nêtêpi wêwalêre dhewe. 3 Nggajah

--- 126 ---

êlar Bs = kumlungkung, ambêk gak-kêduga. 4 Lambe-gajah Pp = perangane wilahan kêris ing sacêdhake kêmbang-kacang. 5 Gajahoya Pd = Astina. 6 Kupu-gajah = arane kupu sing gêdhe. 7 Kuping-gajah Pp = arane têtuwuhan sing lumrahe ditandur ana ing pot. 8 Empyak gajah Pt = arane êmpyak gêdhe ing têngah. 9 Gajah njêrum Pt = gajah ndhêkêm = gula batu saprongkal-gêdhe kinêlêm wedang (teh) ing cangkir. 10 Gajah-ngoling Pd = arane sumping (agême putri). 11 Cindhil ngadu gajah Bs = sêmut ngadu gajah = wong cilik ngêdu wong gêdhe. 12 Setan nunggang gajah Bs = mung murih kapenake dhewe. 13 Gajah marani wantilan Bs = njarag marang kacilakan. 14 Kodhok nguntal gajah Bs = prakara sing mokal. 15 Bathang gajah Bs = wong gêdhe sing wis ilang panguwasane. 16 Gajah nguntal sangkrah Ck = pawon, luwêng. 17 Gajah mêta = gajah ngamuk. 18 Gajah mêta cinancang wit sidaguri Pl = kraman aran Dirana (turune lurah-srati aran Dirada) kêna dicêkêl dening Pangeran Pringgalaya, nuli diugêr ing wit-wringin alun-alun Kartasura, dirampog sarana dicocogi dom). 19 Gajah Antisura = titihane Suyudana. 20 Gajah Herawana = titihane Bathara Indra. 21 Gajah ngoling = arane sumping. 22 Gajah Puspadhênta = titihane Baladewa.

Gagak. 1 Gagakrimang = jarane Arya Panangsang. 2 Gagakbongkol, Podhangbinorean, Jangêt-kêkêncêng, Dhandhangminangsi = punggawa ing Jodhipati. 3 Gagak nganggo laring mêrak = Mr. Mêrak.

Gangsir. 1 Ngêlar gangsir Pp = klobot sing sêrate gêdhe-gêdhe. 2 Mungkur gangsir Pt = moh melu cawe-cawe. 3 Gangsir sungute salawe Ck = gêdhene sungute padha karo lawe (bênang).

Garudha. 1 Garudha mungkur Pd = kancing-gêlung awangun pêpêthan sirah garudha, trape mungkur. 2 Garudha nglayang Pp = araning gêlare baris wadyabala Pandhawa sajrone Bratayuda (yèn gêlare barise Kurawa aran Dirada-mêta). 3 Garudha kang kasêbut ing padhalangan yaiku:

a) Briawan, titihane Bathara Wisnu. Garwane Briawan asma Dèwi Kastapi, iku putrane Wisnu.

b) Sêmpati, putrane Briawan. Sêmpati tau pêrang-tandhing karo Dasamauka, yaiku nalika Dasamuka nêdya ngalap Dèwi Sukasalaya (putrane Prabu Banaputra Ratu ing Ayodya).

c) Jênthayu, garwane asma Dèwi Jathawati. Jêntheyu tau

--- 127 ---

pêrang-tandhing karo Dasamauka, yaiku nalika Dasamuka ndhusta Sinta. Jênthayu iku adhine Sêmpati.

d) Garudha Binarat, yaiku garudha kang malih songsong Tunggulnaga marga dijêmparing dening Manumanasa.

e) Garudha Wilmana, titihane Bomanarakasura Ratu ing Trajutrisna.

f) Garudha Mahambira, yaiku garudha kang kasinungan daya bisa mangrèh lakuning angin (bayu).

Glathik. 1 Glathik-mungup Pp = omah sing ing sisih ngarêp apayon sèng (putih), sisih buri gêndhèng (abang). 2 Glathik sakurungan Bs = wong-wong sing wis golong pikir. 3 Glathik-dhindhing = arane gêndhing. 4 Glathik-incêng-incêng = araning têmbange Bancak-Doyok.

Gudèl. 1 Nêmu gudèl Pt = nêmu barang kècèr sing gêdhe pangajine. 2 Nggudèl bingung Pb = ora karuwan polahe (lumrahe marga kêslêpêk ing butuh). 3 Kêbo nusu gudèl Bs = wong tuwa njaluk wuruk marang wong ênom.

Gurêm. Gurêm thèthèl-thèthèl Bs = wong cilik njangka dadi luhur.

Iwak. 1 Iwak kalêbu ing wuwu Bs = wong kêna ing bêbaya marga kurang wêweka (lumrahe saka panggawene mungsuh). 2 Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak Bs = sanadyan ala wong isih sadulur mêsthi ora bakal tega. 3 Dikêna iwake aja nganti buthêk banyune Pb = kang disêdya klakona nanging aja nganti gawe gêndra. 4 Sêksi ngiwak-iwak Pb = sêksi mung awêwaton krungu swara (swaraning padu, tantang-tinantang lsp).

Yuyu. 1 Yuyu rumpung = yuyu sing gothang sikile, pothol sikile. 2 Yuyu rumpung ing jaladri Ws = mimi. 3 Yuyu rumpung mbarong ronge Bs = wong mlarat, nanging omahe njênggarang gêdhe. 4 Mripat yuyu = mripat sing tansah êmbik-êmbik kêrêp kêdhèp; entar: gêmbèng, cingèng.

Kadhal. 1 Kadhal ijo Ws = bunglon. 2 Kadhal-mènèk = arane gêlung, yaiku gêlung têkuk sing pucuke dislêmpèdake ing jungkat. 3 Ngadhal-mêtêng Pp = wangune gêndhewa (ing têngah gêdhe, kiwa-têngên mêrit).

Kaga. 1 Kaga krêsna Ws = gagak, dhandhang. 2 Kaga kitêr antariksa Ws = manuk sing kalangan ing langit, maksude: dara. 3 Sayèng kaga Ws = wisaya sing diênggo ngêrah manuk, maksude: kala.

Kawuk. 1 Dhudha kawuk Pt = dhudha bangkok, dhudha sing wis tuwa. 2 Budhuk kawuk Pb = nindakake panggawe ala, wasana tumiba ing awake dhewe. 3 Kawuk ora wêruh marang salirane Bs =

--- 128 ---

nacad marang liyan, ora ngrêti manawa awake dhewe sugih cacad.

Kêbo. 1 Kêbo bule mati setra Bs = wong pintêr sangsara uripe, marga ora ana sing mbutuhake kapintêrane. 2 Kêbo mulih ing kandhange Bs = pangkat oncat saka waris (pangkat sing dadine sarana pilihan) wasana bisa bali marang waris iku manèh. Utawa, nalika ênom nyambut-gawe ing papan adoh, barêng tuwa bisa nyambut-gawe ana ing tanah wutah-gêtihe. 3 Kêbo ilang tombok kandhang Bs = ngupaya barang ilang ora kêtêmu, malah wuwuh kelangan wragad sing diênggo nggolèki. 4 Kêbo lumumpat ing palang Bs = ngadili prakara ora miturut wêwaton sing wis ditêtêpake. 5 Kêbo mutung ing pasangan Bs = nggarap pagawean durung rampung wêgah nêrusake. 6 Cêdhak kêbo gupak Bs = sêsrawungan karo wong ala. 7 Kêbo lumaku dipasangi Bs = njaluk supaya ditrapi pagawean abot. 8 Bodho kaya kêbo Pp = bodho bangêt. 9 Digarokake dilukokake kaya si kêbo dhèblèng Bs = dikon nindakake pagawean abot luwih saka sawarna lan prasasat ora tau bisa ngaso. 10 Kêbo kabotan sungu Bs = ora bisa ngragadi anak (marga saka akèhe). 11 Dikêbo ranggah Bs = diênggo bêbantên. 12 Pisah kêbo Bs = pisahan karo bojone, nanging durung pêgatan. 13 Têpung kêbo Bs = têpung, nanging durung ngrêti jênênge. 14 Kêbombang Ws = kêbo + abang, yaiku: sapi, maksude: kapiran, nanging banjur mingsêd atêgês: ora ana sing ngrewangi nindakake pagawean, marga kêtinggal kanca. 14 Kêbo Ijo Bb = punggawa kraton Tumapêl sing didakwa nyedani Tunggulamêtung, nanging satêmêne sing nyedani Kèn Arok (sarana kêris gaweane Empu Ganring). Kêbokênanga Bb = adipati Pêngging (sing pêputra Jaka Tingkir). 17 Kêbokanigara Bb = Adipati Banyubiru, adhine Kêbokênanga, uga kasêbut Ki Buyut Banyubiru. 18 Kêbo bongkang nyabrang kali bangawan Pl = Kêbokênanga lan Kêbokanigara tumêka ing seda, marga ora karsa manjing agama Islam.

Kêdhasih. Kaya manuk kêdhasih Bs = wanita dialap bojo dening priya digawa lunga, wasana ana ing paran ora diopèni.

Keyong. 1 Tutup-keyong Pp = tutupe omah (kiwa-têngên) sing digawe nam-naman pring awangun maju-têlu. 2 Keyong gondhang jarak sungute Pl = Jaka Tingkir turun cilik bisa jumênêng ratu; dipralambangake keyong, marga wutah-gêtihe ing Pêngging akèh banyune (umbul); keyong iku pasabane ing banyu.

Kênthus. Kumênthus ora pêcus Pb = sugih kasaguhan (umuk), toging êndon ora bisa mrantasi.

--- 129 ---

Kêthèk. 1 Tangan Kêthèk Pt = ngglidhig bangêt. 2 Kêthèk saranggon Bs = wong-wong nunggal saomah sing awatak ala kabèh (maling lsp). 3 Rampèk-rampèk kêthèk Pb = lingak-linguk (bingung, judhêg) ora ngrêti apa sing prayoga ditindakake. 5 Udan kêthèk ngilo Pt = udan, nanging panas, srêngenge katon. 6 Kêthèk mènèk andha, nyêkèk ora tawa Pr = diênggo ngunèni wong sing mangan apa-apa tanpa tawa marang liyan sing kêbênêr ana ing sandhinge lungguh.

Kidang. 1 Lumpat kidang Pb = nggarap apa-apa ora urut, ana sing diliwati. 2 Ngaturake kidang lumayu Pb = nuduhake kamelikan sing angèl pangarahe. 3 Mburu kidang lumayu Pb = ngarah kamelikan sing nglêngkara bisane kêna. 4 Kidang lumayu atinggal swara Bs = wong lumaku ana ing dalan karo mêmisuh, nanging ora karuwan sing dipisuhi. 5 Kidang Têlangkas = Jaka Tarub, garwane widadari Nawangwulan, pêputra Nawangsih.

Kinjêng. 1 Kaya kinjêng tanpa soca Bs = mak-makan tindake, marga ora ngrêti tata-krama. 2 Bali mênyang kinjêng-dome Bs = wong cilik dadi gêdhe, wasana dadi cilik manèh.

Kintêl. Kaya kintêl Pt = sugih umuk pêthunthang-pêthunthung, nanging ora sêmbada.

Kirik. 1 Kirik munggah ing bale Bs = wong nistha didadèkake priyayi. 2 Rindhik kirik digitik Pb = rikat bangêt, kayata: wong kêpengin banjur diwènèhi. 3 Apik kumripik nancang kirik Pb = tindak-tanduke bêcik, nanging atine darbe sêdya ala. 4 Sandhing kirik gudhigên Pb = sêsrawungan karo wong ala.

Klabang. 1 Klabang nyandêr = wangune omah (dawa). 2 Klabang sinadhung murub Ws = rena. Klabang = kala + abang).

Kodhok. 1 Kodhok sajroning bathok Pt = ora duwe wawasan jêmbar, marga kurang sêsrawungan. 2 Kodhok ngêmuli lènge IbPb. = jiwa (suksma, badan-alus) murba-wasesa badan wadag (raga). 3 Ngodhok Pt = mlaku dharat. 4 Nyangkêm kodhok Pp = suwèke barang smbet [?] awangun maju-têlu. 5 Kodhok ngorèk = arane gamêlan (gêndhing).

Kukila. 1 Kukila kang among dhustha Ws = bênce, kulik, tuhu. 2 Saur kukila Br = saur manuk, wangsulane wong pirang-pirang kang swarane ora bêbarêngan. 3 Sapta kukila warsa Cd = candrane wong minum 7 sloki, kaya manuk kodanan (njêdhindhil). 4 Utamane priya ndarbèni: curiga, wisma, wanita, turangga, kukila = Mr curiga.

--- 130 ---

Kul. Mogèl kul Pt = ora nduwèni polah apa-apa (polah utawa pokal kang ala), klêbu wong alim.

Kutuk. 1 Kutuk nggendhong kêmiri Bs = wanita manganggo mompyor ngambah dalan sing mbêbayani (ana begale). 2 Kutuk marani sunduk Bs = njarag marani bêbaya.

Kutut. Kututmanggung = arane gêndhing.

Kucing. 1 Kucing sandhing dhèndhèng Bs = priya kumpul wanita. 2 Ora duwe kucing gêring Pt = mlarat bangêt. 4 Kucing êndhase irêng BdBs. = maling, wong.

Kuwuk. 1 Ditêmu kuwuk Pt = diwalês nalika kêtêmu ijèn. 2 Mbuwang rase olèh luwah Pb = mbuwang barang ala, wasana malah olèh sing luwih ala.

Lalêr. 1 Cumbu lalêr Pt = watake ora antêpan, inggatan. 2 Nglalêr mencok Pp = brêngos cêndhak ngrêsêpake (kayata brêngose Hitlêr). 3 Nglalêr wilis Pt = atindak nistha, nguthuh, nylêkuthis.

Lêmbu. 1 Lêmbu Andani Pd = titihane Bathara Guru. 2 Lêmbupêtêng = putrane ratu kang siningidake (miyos saka garwa ampeyan, sêlir). 3 Lêmbusura Pd = patihe Prabu Maesasura ing Guwakiskêndha. 1)§ 1) Manut buku Adiparwa, Lêmbu Andini kagungane Hyang Iswara, wis tau digadhuhake marang Rêsi Wasista.

Lêmud. Cablèk-cablèk lêmud Pb = ora tau nindakake pagawean abot, kapenak bangêt uripe.

Liman. 1 Liman Situbanda Pd = gajah sing kasinungan daya bisa mangrèh lakune angin. 2 Ganda kentir sêmune liman pêpeka = Sri Pamêkas ing Pajajaran kêna disêdani dening Siyungwanara sarana dilabuh, marga kurang wêweka. 3 Liman seta tata-jalma Pd = gajah putih bisa gunêman, kayata sing ndhusta Dèwi Erawati putri Mandraka.

Lusi. 1 Giri lusi janma tan kêna ingina Pt = cacing ora bisa nggrêmêt, ewadene bisa têkan ing pucuking gunung; apa manèh manusa, saya ora kêna diina. 2 Gathutkaca dhinupak lusi = ora kêna, marga endha.

Manuk. 1 Mêcêl manuk mabur Pb = wong sing bisa nindakake pakaryan kaliwat angèl. 2 Manuk mencok dudu pencokane, rupa dudu rupane Pt = samubarang sing nyalawadi, kayata: wanita manganggo priya, utawa kocok-baline, kudu dikawekani. 3 Manuk mabur uluke ngungkuli langit Ib = kêplasing nyawa dohe tanpa wasana. 4 Dhadha manuk = dhadha sing mungal. 5 Mêmanuki Pt = njampangi. 6 Thar-thir kaya manuk ngunjal Pb = nggêgawa saka sathithik. 7 Dikêmpit kaya wade, dijuju kaya manuk Pt = diopèni bêcik lan dicukupi pangane.

--- 131 ---

Macan. 1 Macan gadhungan Pt = macan malihane wong. 2 Macan guguh Bs = wong gêdhe kang wis ilang panguwasane (mêksa isih katon mêdèni). 3 Nguthik-uthik macan dhedhe Pb = ngganggu-gawe wong nêpsu sing wis lilih. 4 Atangga macan Pb = atêtanggan wong sing ngangkah rusaking liyan (utawa rusaking nagara). 5 Nggondhèli buntuting macan Pb = nggugu ujare durjana utawa manut tingkah-lakune. 6 Disênggara macan Pt = digrêtak (supaya wêdi). 7 Singidan nêmu macan Pb = nêdya mêtu dalan sing sêpi malah konangan wong sing dieringi (panggêdhe). 8 Kêkudhung walulang macan Pb = nganggo aling-aling wong sing duwe panguwasa, supaya kalêksanan sêdyane. 9 Sagalakane macan, ora ana macan mangsa anake dhewe Pt = satêgêlane wong ora ana wong tega nggawe cilakaning anak (sadulur). 10 Lakune macan luwe Cd = lêngkèt-lêngkèt, lambunge kiwa-têngên obah mêndat-mêntul. 11 Macan kombang = macan sing bisa mibêr. 12 Macan tutul = macan sing awake tutul-tutul (irêng).13 Macan gembong = macan sing gêdhe. 14 Ana wong ngoyak macan dèn wadhahi bumbung Pl = Tumênggung Urawan nyêkêl kraman yaiku Pangeran Pugêr akanthi gampang bae (saka dhawuhe Sunan Mangkurat ing Kartasura).

Mêrak. Gagak nganggo laring mêrak = wong asor kang panganggone (uripe, tindak-tanduke) kaya wong gêdhe.

Mêri. Kawruhe basa Jawa jêro tapak mêri Sn = ora jêro, mung kambang-kambang (Ind: tidak mendalam).

Mimi. Kaya mimi lan mintuna Pp = tansah rêruntungan prasasat ora tau pisah, rukun bangêt.

Mong. 1 Netrane kadya mong Pp = mripate amba bangêt. 2 Lir tinêbak ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat Br = gugup-gurawalan bangêt marga saka bangête nratabing atine, kayata manawa ditimbali dening ratu. Ditêbak = ditubruk, didêkêp kanthi mancolot.

Naga. 1 Naga taun = naga sing rumêksa keblat, pindhah ênggon sabên 3 sasi sapisan, yaiku: a) Bêsar, Sura, Sapar ing lor. b) Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal ing wetan. c) Jumadilakir, Rêjêb, Ruwah ing kidul. d) Pasa, Sawal, Dulkangidah ing kulon. 2 Naga jatingarang = naga sing rumêksa keblat pindah ênggon sabên 3 sasi sapisan, yaiku: a) Sawal, Dulkangidah, Bêsar ing lor. b) Sura, Sapar, Mulud ing wetan. c) Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir ing kidul. d) Rêjêb, Ruwah, Pasa ing kulon. 3 Naga dina = naga rumêksa keblat

--- 132 ---

pindhah sabên dina, yaiku: Ngahad ing kidul, Sênèn ing kidul-kulon, Slasa ing kulon, Rêbo ing lor-kulon, Kêmis ing lor lan lor-wetan, Jumuwah ing wetan, Sêtu ing kidul-wetan. 4 Naga rijallullah = naga rumêksa keblat pindhah sabên dina, yaiku: Ngahad ing kidul, Sênèn ing wetan, Slasa ing lor-wetan, Rêbo ing dhuwur, Kêmis ing lor, Jêmuwah ing kulon, Setu ing kidul-kulon. 5 Nagagini lan Nagatatmala Pd = putrane Hyang Antaboga ing Saptapratala. 6 Nagaraja Pd = mara tuwane Krêsna, yaiku kang pêputra Dèwi Pratiwi lan Pratiwanggana. (Dèwi Pratiwi kagarwa Krêsna pêputra Suteja utawa Bomantara). 7 Naga-mangsa, naga-ngangrangan, naggêndra-rêsmi Pd = wangune kêlat-bau. 8 Naga lumaksana = dhapure wilahan kêris sing mawa luk. 9 Naga tapa = dhapure wilahan kêris sing lêncêng bae.

Orong-orong. 1 Nangis ngorong-orong Pp = sêru lan suwe. 2 Kaya orong-orong kêpidak Pt = cêpklakêp mênêng dadakan. 3 Orong-orong nggotong gênthong Bs = njangka prakara sing mokal bisane kalêksanan.

Pêking. 1 Saron pêking = panitir, panacah, saron sing cilik dhewe. 2 Balung pêking Pb = sèkèng. 3 Pêking abuntut mêrak Bs = prakara cilik wasana banjur dadi gêdhe. (Emprit abuntut bêdhug).

Pêksi. 1 Pêksi munya nèng gantangan Ws = prêkutut. 2 Pêksi muluk kinêplokan Ws = dara. Pêksi jiwa-jiwa = manuk dewata klangênane ratu sing kêna kanggo titikan (mbedakake) wayah awan karo bêngi.

Pêcruk. Pêcruk tunggu bara = wong ala pinracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane.

Pitik. 1 Pitik trondhol diumbar ing padaringan Bs = wong ala pinracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane. 2 Pitik trondhol dibubuti wulune Bs = wong sèkèng kêmalingan nganti êntèk-êntèkan; utawa: wong mlarat diwajibake mbayar warna-warna, kêpêksa ngêdol kabèh darbèke. 3 Pitik walik saba kêbon Ck = nanas. 5 Pitik êndhase têlu Ck = pitik êndhase dibuntêl wulu (mawa wulu). 6 Digawe pitik putih raga tanpa mule Bs = wong pintêr sing ora dirakêti liyan, mung kala-kala manawa dibutuhake kapintêrane lagi digolèki. Raga tanpa mule = awake ora kinurmatan.

Prêkutut. Katurangganing prêkutut sing bêcik: 1 Srimangêmpêl = kukune drijine putih kabèh. 2 Wisnuwicara = cucuk lan sikile sêmu abang. 3 Wisnumangênu = awake sakojur sêmu irêng. 4 Kusumawicitra = cucuk lan sikile putih. 5 Pandhawamijil = buntute 15., lare kiwa-têngên nglimalas. 6 Purnamasidi [Purna...]

--- 133 ---

[...masidi] = matane abang sumorot kocak kaya mirah. 7 Mercujiwa = matane kuning ajait sumorot. 8 Musthika = saranduning awak putih. 9 Minêpgêdhong = ing wayah surup srêngenge manggung. 10 Gêdhong-mênga = manggung ing wayah srêngenge mlêthèk. 11 Wisnumurti = mata, cu

Katurangganing prêkutut sing ala: 1 Bramasulur = ulaseulêse. sêmu abang. 2 Bramalabuh gêni = ulês napas. 3 Bramakakap = raine putih têrus cangkême. 4 Durgangêrik = awan-bêngi manggung. 5 Durganguwuh = manggung têngah wêngi. 6 Sêngkalapipit = lak-lakane putih. 7 Sanggabuwana = mawa lar putih siji ing gigire. 8 Lêmburuhan = awulu brumbun. 9 Candhalasabda = pundhake putih. 10 Wisnu tinundhung = gênthane sêmu irêng.

Têdhake prêkutut: 1 Pajajaran = ulês wungu têrus ing gênthane. 2 Majapait = ulês ijo têrus ing gênthane. 3 Tuban = abang sikile têrus ing gênthane sêmu putih, cucuke cêndhak. Mataram = sikile têrus gênthane sêmu putih, cucuke cêndhak. 5 Pajang = sikile têrus gênthane sarta tlapakanetlapukane / tlapakane. blawus. 6 Sêdayu = sikile putih sêmu klawu têrus ing gênthane lan tlapukanetlapakane / tlapukane.

Prênjak. Endha mangiwa endha manêngên kaya prênjak tinaji Cd = cukating endhane mangiwa utawa manêngên manawa pinrawasa dening mungsuh (ngendhani gêgamane mungsuh).

Sapi. 1 Ratane nggêgêr sapi Pp = kaya gêgêr sapi, ing têngah dhuwur, kiwa-têngên êndhèk. 2 Kapiran kapirun, gaga ora matun sapi ora nuntun Pb = kapiran ora kêpanduman apa-apa. 3 Sêmut irêng anak-anak sapi Pl = Dèwi Sapudhi putri saka Wandhan (turune wong asor) pakulitane irêng-manis kagarwa Brawijaya-Wêkasan pêputra Lêmbupêtêng.

Sata. 1 Sata kuncung Ws = mêrak. 2 Ngrêpèpèh-ngrêpèpèh pindha sata manggih krama Cd = lakune mêndhak-mêndhak sajak andhap-asor sêmu ngasih-asih (kaya jago kêtêmu babon).

Sêmut. 1 Sêmutên = gringgingên, krasa griming-griming kaya dirambati sêmut. 2 sêmut marani gula Bs = wong marani kamelikan (pangan). 3 Ana gula ana sêmut Pb = panggonan sing ana kamelikan (pangan, kasênêngan) mêsthi ditêkani dening wong. 4 Gula-sêmut = arane panganan sing digawe parudan (krambil) karo gula. Sêmut irêng anak-anak sapi = Mr. Sapi.

Sidhat. Lakune nyidhat Pt = ngambah dalan trabasan supaya luwih cêdhak.