Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 134-186)

Katalog:Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139
Sambung:
1.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 001-046). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #916.
2.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 047-094) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #917.
3.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 095-133) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #918.
4.Sariné Basa Jawa, Padmasukaca, 1967, #139 (Hlm. 134-186) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #919.

--- 134 ---

Sikatan. Kaya sikatan nyambêr walang Cd = cukate manawa mrawasa mungsuh.

Singa. 1 Singa-barong = macan mawa wulu dawa. 2 Singanagara = tukang nindakake ukum-pati, lêgojo. 3 Singa ranu Ws = baya. 4 Singamulangjaya Pd = Sêtyaki. Wrêsniwira. 5 Gêrêng-gêrêng pindha singa antuk bayangan Pp = kaya singa olèh mêmangsan (nêpsu, nggêtêm-nggêtêm). 6 Singa papa ngulati mangsa Slk = panggêdhe uripe kêcingkrangan golèk pitulungan marang rakyat.

Singgat. Ngungkat-ungkat singgat, nênangi kêmrêki Pt = njalari tuwuhe kêkarêpan ala.

Sisik-mêlik. Golèk sisik-mêlik Pt = golèk cihnane barang sing dilari (titik-mêlik).

Sona. Sona bêlang mati arêbut mangsa Bs = nêmu cilaka marga saka angkara-murkane.

Tawon. 1 Byung-byungan tawon kambu Bs = wong pirang-pirang grudag-grudug (marga kelu pawarta). 2 Nawon kêmit Pp = wangune bangkekan sing cilik (mênggik). 3 Thang-thêng kaya tawon boni Bs = wong tansah wira-wiri (lunga-têka saka siji).

Têkèk. Têkèk mati ulone Bs = nêmu cilaka marga saka gunême dhewe.

Têngu. Têngu mangan brutune Bs = dipracaya nyimpên barang, wasana dicolongi dhewe. Brutu iku papan tancêbing buntut, ora katon, pêpindhane barang sing disimpên).

Tigan. Tigan kaapit ing sela Bs = wong sèkèng mêmungsuhan karo wong sêntosa tur dibut loro.

Tikus. 1 Tikus pithi ngunggah-unggahi Bs = wanita asor ngunggah-unggahi bangsa luhur. 2 Tikus mati ing êlènge Bs = ora tau lunga-lunga marga kêpatèn pasaban, wasana tumêka ing pati.

Tinggi. 1 Ninggi Pt = wong disanjani (didhayohi) ora nyênyuguh malah njaluk apa-apa marang wong sing nyanjani. 2 Sêga sakêpêl dirubung tinggi Ck = salak.

Trênggiling. Nrênggiling api mati Pb = api-api ora ngrungokake, sajatine nggatèkake bangêt.

Truwèlu. Nyalulu nruwèlu Pb = têka ing omahe wong duwe gawe tanpa diundang (prêlu ngalap suguhan).

Turangga. 1 Turangga ngrap ing pandêngan = Mr Pandêng. 2 Utamane priya kudu ndarbèni: curiga, wisma, wanita, turangga, kukila - = Mr. curiga. 3 Katuranggan = titikan ala-bêciking awake (jaran, prêkutut lsp) katitik saka tandha-tandha kang tinêmu ing awake, kayata: Satriya pinayungan + jaran kang

--- 135 ---

mawa mathi (unyêng-unyêng) ing gigir sisih kiwa. Samparwacana = jaran kang mathine (unyêng-unyênge) ing iringane lambe dhuwur. Srikuning = prêkutut sing suluhane mripate kaduk kuning, mangkono uga ing bontose brutu sisih ngisor, dayane ngrêjêkèni wong sing ngingu. Bramakokop = prêkutut sing sangisore cucuke mawa wulu njêgrag kaya jenggot, warnane sulak abang, dayane sing ngingu kêrêp lara.

Canthuka. 1 Swarane pindha sasra canthuka warsa Cd = rame kaya pangorèke kodhok sèwu abungah-bungah marga ana udan. 2 Dèwi Anjani tapa nyanthuka ing dhampènge tlaga Madirda Pd = patrape tapa ndhêpèpès ing dhampènge tlaga (kaya kodhok). Canthuka Kw = kodhok.

Cacing. Dicuthat kaya cacing Pb = ditundhung kanthi cara siya bangêt.

Cèlèng. 1 Cèlèng gotèng = bangsane cèlèng, nanging cilik. 2 Ngadhêp cèlèng bolotên Pb = sêsrawungan karo wong ala. 3 Nrajang grumbul ana cèlènge Pb = njarag nêmu cilaka.

Clarat. Embat-êmbat clarat Pb = ngawekani samubarang sing arêp ditindakake. Clarat = klarap, clèrèt-gombèl.

Cocak. Cocak nguntal lo Bs = njangka prakara sing mokal bisane kalêksanan.

Ula. 1 Ula-ula dawa Pb = prakara sing banjur dadi ngambra-ambra. 2 Ula marani gêbug Bs = njarag nêmu cilaka. 3 Dolanan ula mandi Pb = njarag nindakake apa-apa sing mbêbayani.

Ulêr. 1 Mênêng wada ulêrên Pb = ing lair katon bêcik, batine darbe sedya ala. 2 Ngulêr-kambang Ws = kaya ulêr-kambang, kaya lintah, maksude: satitahe, alon-alonan.

Urang. 1 Buntut-urang Pp = rambut ing githok (lancip kaya buntut urang). 2 Urang watang = urang gêdhe. 3 Urang-ayu = araning wangune suwêng. 4 Cucut-urang = arane manuk, cucuke dawa sabane ing sandhing blumbang lsp (pakane iwak). 5 Gêlung supit-urang Pd = gêlung minangkara (kayata Janaka Lsp). Omahe mawa dalan Supit-urang Pt = mawa dalan loro sing anjog ing plataran. 7 Kutha Supit-urang = arane kutha Pasuruan ing jaman biyèn, nalika samana Prabalingga aran Bangêr. 8 Dèwi Urangayu = garwane Anoman pêputra Trigangga.

Walang. 1 Nguntu walang Pp = rênggêt-rênggêt. 2 Londho-londho walang sangit nggendhong kêbo Pp = katone ora nduwèni akal ala, jêbul julig bangêt. 3 Malang gambuhi Bs = jêjodhoan sing wadon luwih gêdhe (awake). 4 Malang-kadhak,

--- 136 ---

Pt = kaya walang-kadhak, yaiku mathènthèng sajak umuk (Walang-kadhak iku bangsa manuk). 5 Wêruh cos walang-tatune Pt = wêruh tibane gêgaman sing njalari raja-tatu (raja-pati). 6 Kutu-kutu walang-ataga Br = sakabèhe gêgrêmêtan kewan rumangkang. 7 Walang kayun Ws = walang tyas, walang karsa, walang ati, sumêlang. 8 Walang sangkêr Kw = apa-apa sing ngrêribêdi. 9 Rêp sidhêm pramanêm tan ana sabane walang salisik (tan ana banene walang salisik) Br = sanalika sêpi nyênyêt. 10 Kutu-kutu walang ataga = sakabèhe kewan gêgrêmêtan lan rumangkang.

Wanara. 1 Wanara seta = Anoman. 2 Wanara Anjani putra = Anoman. 3 Catur wanara rukêm = candrane wong minum 4 sloki. 4 Siyungwanara = putra ratu Pajajaran sing nyedani Sri Pamêkas. 5 Langênwanara = lakon wayang Rama abala wanara, antawacanane sinawung ing têmbang.

Wêdhus. 1 Wêdhus prucul = wêdhus sing tanpa sungu. 2 Wêdhus diumbar ing pakacangan Bs = wong ala pinracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane.

Wêlut. 1 Rêmbuge kaya wêlut dilêngani Pb = ora kêna diêndêl, mencla-mencle. 2 Enggon welut diêdoli udhèt Pb = ênggone wong sugih kapintêran diumuki kapintêran.

XXXIX. TÊTUWUHAN

Golongan: 1 Krowodan = woh-wohan lan jêjanganan. 2 Dhukut kruwut = sakabèhe têtanduran ing pakarangan. 3 Pala gumantung = têtuwuhan sing umure ora nganti puluhan taun (katès, gêdhang). 4 Pala kirna = têtuwuhan wohe gumantung sing bisa nganti puluhan (atusan) taun (nangka, durèn lsp). 5 Pala kêpêndhêm = têtuwuhan wohe ana sajrone lêmah (dianggêp woh), kayata: wi, gêmbili, talês lsp. 6 Pala kêsimpar = têtuwuhan mawa wit nlosor (timun, sêmangka lsp). 7 Gêgrumbulan = têtuwuhan mawa wit atos pangpange cêdhak sapu-lêbu (njalari rungkud). 8 Bêbondhotan = têtuwuhan sing mrambat pêpulêtan.

Adas. Sêmbur-sêmbur adas siram-siram bayêm Pt = saka puji-pandongane wong akèh muga-muga bisa kalêksanan.

Alang-alang. 1 Alangalangkumitir = kahyangane Sang Hyang Tunggal. 2 Ora ngrêti alang-ujure = ora ngrêti sing njalari anane kadadean; ora nyipati patine. 3 Sing malang-malang putung, sing rawe rantas = kabèh sing ngegol-goli disirnakake.

Arèn. Kèkrèk arèn Pb = nindakake pakaryan angèl lan kanthi kaworan rasa was-sumêlang.

--- 137 ---

Asêm. 1 Nguyah-asêmi Pb = ngalêmbana nganti luwih saka ing samêsthine. 2 Rog-rog asêm Pb = têgêse lugu: udan sing tibane banyu (têploke) gêdhe-gêdhe, nanging mung sadhela; maksude: ada-ada, pakumpulan lsp sing ora nganti umur suwe banjur bubar, marga para wargane kêtuwuhan rasa bosên utawa wêgah.

Awar-awar. Ngaub awar-awar Pb = suwita marang wong sing mlarat utawa ora nduwèni panguwasa.

Bawang. 1 Bawang lanang = bawang cilik tanpa siyungan. 2 Pupuk-bawang = mèlu dolanan, nanging ora diwajibake mèlu dadi. 3 Sasiliring bawang Pt = tipis bangêt, sadhela bangêt.

Bolu. Bolu rambatan lêmah Bs = prakara sing embet-embetan tanpa wasana. 2 Bathok bolu isi madu = wong asor, nanging sugih kaluwihan.

Brambang. Dirajang kaya brambang, dikêthok kaya lombok = ukara sing lumrah diucapake wanita yèn nuju muring marang bojone.

Bung. Bung pring pêtung Bs = bocah sing wlagang bangêt (enggal gêdhe bangêt).

Dhadhap. 1 Dhadhap kêtuwuhan cangkring Bs = prakara bêcik ana sing njalari ala. 2 Suta, Naya, Dhadhap, Waru, Niti Pt = ngandhakake wong sing durung ngrêti jênênge. 3 Mbok randha Dhadhapan Bb = randha sing dingèngèri Dèwi Sêkartaji (Kèn Limaran, Candrakirana).

Durèn. 1 Jaran kêmbang-durèn Pp = ulês kuning. 2 Ngêmbang durèn Ws = ndlongop. 3 Pipi ndurèn sajuring Pp = lancap lan ramping ngrêsêpake.

Jambe. 1 Kaya jambe sinigar Pp = padha rupane. 2 Sadulur jambe-suruh Pb = dudu sadulur, nanging manjing wis dadi sadulur. 3 Dakkinange jambe suruhe Pt = dak lamare.

Jamur. 1 Jamur tuwuh ing waton Bs = samubarang sing elok alangka. 2 Arêp jamune moh watange Pb = gêlêm ngrasakake enake wêgah nglakoni rêkasa. (Watang = batang, prabatang, wit).

Jarak. 1 Entèk jarake Pb = êntèk kasugihane. 2 Ilang jarake kari jaile Pt = ilang kaprawirane kari asore (nisthane). 3 Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati Bs = turune wong asor dadi gêdhe, turune wong luhur dadi cilik. 4 Keyong gondhang jarak sungute = Mr. keyong.

Jati. 1 Jati kêtlusuban ruyung Bs = golongane wong bêcik kêcampuran wong ala (klêbon têlik). 2 Guru sajati Pt = ngèlmu kasampurnaning pati. 3 Kreta Jatisura Pt = kretane Ramawijaya kang sinimpên dening Wibisana ing salêbare

--- 138 ---

pêrang Alêngka (pamburine sinimpên putrane Wibisana kang asma Prabu Bisawarna Ratu Singgêla). 4 Sunan Gunungjati Bb = Wali kang asmane satêmêne Fatahilah (Faletehan).

Gadhung. 1 Ijo-gadhung = ijo-nom. 2 Ula gadhung = ula awarna ijo. 3 Digadhung = diêndêmi gadhung: entar: diapusi. 4 Gadhung-mlathi = corake ikêt (ijo ing têngahe putih). 5 Gulune nglunging gadhung Cd = janjang sêmu mayuk mangarêp. 6 Lunggadhung sêmune rara nglikasi Pl = Sunan Mangkurat (putrane S. Pakubuwana I) warnane bagus, nanging panggalihe thukmis.

Gêdhang. 1 Gêdhang apupus cindhe BBs. = kabêgjan elok alangka (nglêngkara). 2 Rubuh-rubuh gêdhang Pb = sêmbahyang mung tiru-tiru bae, ora ngrêti rapale. 3 Rara gêdhang Pt = prawan sing mêtêng. 4 Disuguh gêdhang bangka Pt = ditabok. (Driji-driji sing mêthênthêng diênggo nabok iku ngibarate gêdhang bangka).

Galuga. Galuga salusur sari = wis bêcik kaswuwuhan bêcik; bagus (ayu) tur luhur bêbudène.

Gêdêbog. 1 Nggêdêbog bosok Bs = wong ala rupane lan ala wêwatakane. 2 Nguwod gêdêbog Pb = dipracaya jêbul ora mitayani. 3 Ngandêl tali gêdêbok Pb = pracaya marang wong kang ora sêntosa ing budi. 4 Dêboh bosok galih asêm Pt = unèn-unèn sing lumrah iucapakediucapake. manawa wong kêpêthuk mayit kang arêp dikubur.

Kangkung. 1 Cêblok kangkung Pb = bakul nawakake dagangane kanthi rêga saya mundhak-mundhak. 2 Gilèkana galihing kangkung Ib = ngrêtia manawa sajroning raga iku ana jiwa (nyawa).

Karang. 1 Digawe karang abang = dirusak sarana diobong. 2 Karangkitri = wit-witan ing pomahan sing ngêtokake woh. 3 Karangkopèk = desa sing ora duwe sawah. 4 Karangulu = bantal. 5 Dikarangulu = dipèk bojo, tumrap randhane sadulur. 6 Karangmêlok = kêmbang awangun bundêr.

Kacang. 1 Kacang mangsa tinggala lanjaran Bs = wêwatakane bocah lumrahe padha karo wong-tuwane. 2 Wêdhus kacang Pt = wêdhus cilik. 3 Taine ana kacange dicuthiki Pb = wong kang petung bangêt marang bandha (cêthil bangêt), nganti dilakoni atindak nistha. 4 Kêmbang-kacang Pp = perangane wilahan kêris ing sandhing lambe-gajah. Uga arane lagu (kroncong).

Kêdhêle. Esuk kêdhêle sore tempe Pb = gunêm mencla-mencle, rêmbug sing molah-malih.

--- 139 ---

Kêmangi. 1 Lanang kêmangi = Mr. lanang. 2 Kêmangi gagange wulung Ws = têlasih.

Kêmiri. 1 Ngrêbut kêmiri kopong Pb = melik barang sing tanpa pangaji. 2 Kêmiri juru = kêmiri gêdhe sing gêgêre nglingir.

Kêmladheyan. Kêmladheyan ngajak sêmpal Bs = sanak-sadulur sing ngajak marang karusakan.

Kênthang. Ora ngrêti kênthang-kimpule Pb = ora ngrêti dhadhakane prakara, ora ngrêti mula-bukane.

Kêpuh. Gantung kêpuh Pt = sandhangan sapangadêg (ora tau salin). 2 Kaya didadah lênga kêpuh Pb = tanpa tata kaya wong alasan. (Kêpuh, kalêbu golongane wit alasan).

Kêtepang. Kêtepang ngrangsang gunung Bs = wong sèkèng darbe panjangka gêdhe; panjangka sing ora majad, nglêngkara.

Lêmpuyang. Durung ilang pupuk-lêmpuyange Pb = dipadhakake bocah cilik (durung duwe pangalaman).

Lombok. 1 Lombokên = krasa panas marga mêntas nggêpok lombok. 2 Kapok lombok Pt = kapok sadhela banjur wani manèh. 3 Lombok rawit = lombok cilik (nanging pêdhês bangêt).

Lumbu. Enggak-enggok lumbu Pb = mung manut marang ombyaking liyan, tanpa kêkêncêngan dhewe.

Mrica. 1 Mrica kêcut Ws = wuni. 2 Diracut nganti samrica binubut Br = diringkês bangêt.

Nangka . Gupak pulut ora mangan nangkane Pb = rêkasa ora kêpanduman pituwase.

Nila. Embuh si nila êmbuh si êtom Pt = yèn wong nyatur alaning sadulur, sing luwih ala êmbuh sing dicatur êmbuh sing nyatur. 2 Nila-krama Kw = takon kanthi urmat. 3 Anila Kw = angin (padhalangan: patihe Prabu Sugriwa ing Guwakiskêndha sing nyedani Patih Prahastha ing Alêngka). 4 Nila-wrêdi = nila batan kang bêcik dhewe. 5 Nila-pracandha Kw = angin gêdhe. 6 Nila-widuri Kw = bangsane sêsotya (awarna biru).

Pandhan. 1 Pandhan isi pandhoga Br = wanita bangsa luhur sing mêtêng. 2 Pandhan rawa Ws = wlingi. (Mandhan rawa = manglingi).

Pari. 1 Pari jêro = pari sing dawa umure, kosok-baline: pari genjah. 2 Nandur pari jêro Pb = gawe kabêcikan, mbokmanawa anak-putune bisa nampa piwalêse. 3 Pari-jatha =

--- 140 ---

arane lagu têmbang Sinom. 4 Pari-sawuli Kss = arane buku isi sara-silahe ratu (wayang); uga atêgês: pari-sarunge. 5 Wong wudunên iku sugih pari Bld = paringisan (kêrêp pringisan, yaiku manawa wudune kêgêpok apa-apa). 6 Pari-krama Kw = mawa subasita, kosok-baline: tanpa krama. 7 Parikudu = paripêksa = kumudu-kudu, kanthi pamêksa. 8 Parimirma Kw = Parimarma, kawêlasan. 9 Paripurna Kw = rampung; uga atêgês: mari (waluya). 10 Pariwara Kw = wara-wara. 11 Aywa tinggal pariwara Kw = aja tinggal pitutur, nganggoa pitutur bêcik. 12 Pari gaga = pari kang panandure tanpa diêleh banyu (ing patêgalan). 13 Gêguyon pari-kêna Pb = sêmbrana pari-kêna = darbe pangarah, panêmbunge kanthi sêmbranan (kaya ora tênanan). 14 Wadung pari Ws = ani-ani. 15 Sapari-polahe = sabarang tindak = tanduke. 16 Yèn ana gawe pari gawe = yèn ana bab sing kudu ditandangi. 17 Parikêsit = ratu Astina putrane Abimanyu; arane corak bathikan.

Pring. 1 Pring anom rinujit miring Ws = tutus. 2 Jaksa pring sadhapur Bs = pangadilan kang pangarsane lan warga-wargane kabèh isih nunggal sasadulur. 3 Nyèrèt pring saka pucuk Pb = pagawean gampang dadi angèl, jalaran kliru carane nggarap.

Pudhak. 1 Kempole ngêmbang pudhak Cd = awarna putih. 2 Pudhak sinupit Pt = dodotan ing sisih têngên mung sadhuwur dhêngkul. 3 Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt Pl = pralambange satriya suci sing pamburine bakal jumênêng Ratu ing Kêtangga. 4 Pudhak-satêgal Pd = pudhak-sinumpêt = araning sumpinge Wrêkudara.

Pucang. 1 Lakune mucang kanginan Pp = perangane awak sisih dhuwur obah ngiwa-nêngên (kaya obahe pucang marga kanginan, pantiyang-pantiyang). 2 Mucang Kw = nginang. 3 Sêkar pucang Ws = mayang (ukara candhake: sèwu bêgja kêmayangan). 4 Pucangan = patrape Dèwi Kilisuci utawa Sanggramawijaya (putrane putri Erlangga).

Ropoh. 1 (Pagêr) rogoh = pagêr mawa êrèn, rêrencekan lsp. 2 Têpung ropoh sambung kalèn Pt = omah-omah nunggal pagêr nunggal kalèn karo tanggane.

Sêmangka. 1 Sêmangka jingga = sêmangka sing abang (ing jêrone). 2 Kuru sêmangka Sn = lêmu bangêt. 3 Nagara nêdya disigar sêmangka Pt = diparo bênêr (padha gêdhene, padha

--- 141 ---

jêmbare; saparo kanggo Pandhawa, sing saparo kanggo Kurawa).

Singgang. Gambrèt singgang mrakatak ora ana sing ngênèni Bs = prawan kênès ora ana sing nglamar, marga ora ana priya sing gêlêm ngalap bojo.

Suru. Kêpêngkok pagêr suru Pb = nêmu rêribêd dadakan. (Suru = bangsane wit cocor-bèbèk).

Suruh.1 Suruh ayu Pt = suruh pilihan dianggo sajèn utawa srananing dhukun. 2 Grêgêt-grêgêt suruh Pt = nêpsu nanging ora kêwêtu (mung nggêtêm-nggêtêm bae). 3 Kaya suruh lumah lan kurêbe. dinulu seje rupane, ginigit padha rasane Br = wong loro sing kaananing laire, rupane lsp. katon beda, nanging darbe tekad padha (kayata: Krêsna karo Janaka).

Têbu. 1 Maling nêbu sauyun Pb = wong-wong nunggal saomah sing atawak ala kabèh (maling, kècu, garong, tukang kutil lsp). 2 Têbu tuwuh socane Pb = prakara wis bêcik banjur ana sing nyetani. 3 Milih-milih têbu Pb = nêdya milih sing luwih bêcik jêbul malah olèh sing luwih ala.

Têki. 1 Rai têki Pb = ora idhêp isin. 2 Cobolo mangan têbu Pb = bodho bangêt (gêblêg) ora pantês mangan sêga, pantêse mangan sukêt (têki). 3 Emping têki = êmping saka bonggoling têki (luwih larang tinimbang êmping mlinjo, lan luwih enak).

Têmu. 1 Têmu-gêlang = bundêr gathuk. 2 Têmu tangan = panggih asta, dhaup. 3 Ditêmu kuwuk = ditandangi (dipilara) nalika kêtêmu ijèn.

Timun. 1Timun jinara Bs = pagawean sing gampang bangêt ditindakake. 2 Timun wungkuk jaga imbuh Bs = wong bodho (dudu wong sing kalêbu pêng-pêngan) kanggone manawa ana kêkurangan (diênggo sèrêp, andhungan). 3 Anak-anakan timun Bs = ngêpèk anaking liyan, barêng wis diwasa dialap bojo. 4 Timun mungsuh durèn Bs = wong sèkèng mêmungsuhan karo wong santosa. 5 Timun wuku gotong wolu Pl = pralambange R. Sutawijaya (Panêmbahan Senapati) jumênênge Ratu kanthi pambiyantune priyagung wolu, yaiku Ki Pamanahan, Ki Juru Martani, Ki Jurukithing, Ki Buyut Wirasraba, Ki Panjawi, Tumênggung Mayang, Adipati Batang lan Pangeran Made Pandhan.

Tunjung. 1 Tunjung tuwuh ing sela Bs = prakara sing mokal. (Tunjung = trate, pangkaja). 2 Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt = pralambange Ratu kang akadhaton ing Kêtangga.

--- 142 ---

Tungkul. = kaya wit jênu, nanging ora matèni. 1 Nungkul aris = têluk tanpa pêrang. 2 Kêtungkul = tansah nindakake. 3 Tumênga sêpa, tumungkul sêpi = ora ana sing dijagakake.

Cêpaka. 1 Katon cêpaka sawakul Pt = disênêngi dening wong akèh. 2 Nyandhunga cêpaka sawakul Pt = muga-muga nêmua kabêgjan gêdhe.

Cikal. 1 Cikal-bakal Pt = cakal-bakal, miwiti têtruka gawe padesan utawa nagara. 2 Cikalan = turahane kambil sing diparud. 3 Cikal atapas limar Bs = kabêgjan kang mokal, kayata: tuku palêmahan, barêng digarap (didhudhuk) ana pêndhêmane raja-pèni.

Uwi. 1 Kawak uwi Pt = wong tuwa bangêt (wis ora ana kanggone). 2 Lilit-uwi = tali iratan pring sing diplintir. 3 Tumbak lilit-uwi = tumbak sing landheyane diêcèt lorèng-lorèng.

Wringin. 1 Sanggar waringin Pt = wong sing bisa dadi pangayoman sanak-sadulur. 2 Wringin sungsang = arane aji-aji sing njalari ora pasah ing gêgaman. 3 Dêdêge ngringin sungsang Pb = peranganing awake sisih ngisor njêbobog gêdhe, ing sisih dhuwur cilik.

XL. WIT LAN PERANGANE

Dasanama: 1 Wit = batang, prabatang, watang, taru, dêlêg, wrêksa, kayu. 2 Godhong = ron, rondhon, patra, dhaun, parna. 3 Kêmbang = kusuma, puspa, puspita, sêkar, sari, padma. 4 Woh = pala, wilupa.

Arane Godhong: Asèm sinom. Randhu baladewa (sêmarakandhi). Cipir cêthèthèt. Kacang lêmbayung. Krambil janur (blarak, klari). Kelor sèwu (limaran, sapujagad). Kimpul lumbu. Kimpul alas kombang. Turi pêtuk (samparangin). Tela-rambat jlegor. Wuni mojar. Lêmpuyang lirih (pupuse). Jati jompong (pupuse). Lombok sabrang. Pring larmanyura. Jarak blêdhèg. Jambe dêdêl (procot). Mlinjo so. Kêmladheyan kumuda. Waluh lomah-lamèh.

Perangane godhong: gagang, lêmbaran, ada-ada.

Arane kêmbang: Arèn dangu. Nipah dongong. Nangka babal. Cubung torong. Cêngkèh polong. Randhu (jambu) karuk. Kêncur sèdhèt. Kanthil gadhing. Kacang bundhêl (bêsêngut). Kara kèpèk. Krambil manggar. Kelor limaran. Kluwih onthèl. Kopi blanggrèng. Kapas kadi. Kimpul pancal. Durèn dlongop. Têbu glêgês. Suruh drèngès. Salak kêthêkêr. Pohung ingklik. Jengkol cuwis. Pandhan pudhak. Pête pêndul. Dhadhap celung.

--- 143 ---

Jati jangglêng. Jambe mayang. Mlinjo ucêng. Garut grêmêng. Gêdhang tuntut (jantung, ontong). Blimbing maya.

Perangane kêmbang: gagang, slaga, makutha, sungut sari, sari, sungut pêntil.

Arane pêntil: Asêm cêmpaluk. Nangka gori (tèwèl). Randhu (jambu) karuk. Krambil bluluk (dêgan, cêngkir). Kwèni gêndheyo. Jambe blêbêr. Jagung jantenan. Mlinjo kroto. Manggis blibar.

Arane woh: Arèn kolang-kaling. Kanthil gandhèk. Turi klenthang. So mlinjo. Kêsambi kêcacil. Wi katak (dumunung ing cangklakaning godhong). Widara anyang. Pucung kluwak. Gêbang krandhing. Bêngkowang bêsusu. Pandhan pandhoga.

Arane wiji: Asêm klungsu. Nangka bêton. Cipir botor. Randhu klênthêng. Kwèni pêlok. Kluwih bêton (bêthêm). Kapas wuku. Durèn pongge. Tanjung kêcik. Pêlêm pêlok. Pakèl pêlok. Jambe jêbug. Mlinjo klathak.

Arane wit: glugu-krambil, ruyung-arèn, dêbog-gêdhang, pucang-jambe, têbon-jagung, canthèl.

Babal. Babal bundêr manglung kali Ws = êlo, lumrahe ukara candhake muni: dhuwa-lolo.

Bayêm. 1 Sembur-sêmbur adas, siram-siram bayêm, = Mr. adas. 2 Bayêm arda, ardane ngrasuk busana = Mr. busana.

Bathok. 1 Têsmak bathok Pb = ora idhêp isin. 2 Mbathok mangkurêb Pp = wangune dalan ing têngah dhuwur. 3 Bathok bolu isi madu Bs = wong asor. nanging sugih kapintêran.

Bêras. 1 Bêras wutah arang mulih ing takêre Bs = samubarang sing wis owah ora bisa pulih kaya maune. 2 Dudu bêrase ditêmpurake Bs = udhu rêmbug sing ora cocog karo bab sing dirêmbug. 3 Bêras-kêncur = wêdhak bêbakan bêras karo kêncur. 4 Bêras-kuning = bêras dikunir. 5 Bêras mêlik = bêras irêng. 6 Bêras kêtan = bêras sing dadine sêga plikêt. (Kêtan = saka têmbung wod: kêt + an = bêras sing kaanane kêkêt utawa krakêt). 7 Bêras patik = bêras putih kêcampuran abang. 8 Bêras-panganen = krasa mbêdhêdhêg wêtênge marga mangan sêga magêl. 9 Bêras satêngah Pt = wong sing kapintêrane mogol.

Bêton. Rêmbuge pêrêt bêton = mencla-mencle, utawa pintêr pêpadon.

Duk. 1 Duk sandhing gêni Bs = wanita kumpul priya (gampang tuwuhe panggodha). 2 Duk ing nguni Kawi = dèk biyèn.

--- 144 ---

Êmpol. 1 Êmpol pinecok Pb = prakara sing gampang bangêt ditindakake. 2 Pil-pot Pt = jalukan ora wewehan (gêlêm nampa pawèwèhing liyan, nanging wêgah mènèhi).

Gabah. 1 Polahe kaya gabah diintêri Cd = padha uyêk-uyêkan bingung pating bilulung. 2 Gabah sinawur Pb = wong sing ora duwe papan tartamtu. Uga arane coraking bathikan. 3 Gabah arang = bêras sing isih akèh gabahe. 4 Digêgabah Br = digêgasah murih tangi kêkêndêlane.

Gagang. 1 Nggagang aking = kuru bangêt. 2 Tigas gagang = bakda diênèni têrus diêdol.

Godhong. 1 Dadia godhong moh nyuwèk Pt = wis wêgah sapa-aruh. 2 Lawas-lawas kawongan godhong Pb = wong ngabdi lawas-lawas mêsthi ora kanggo. 3 Cangkêm rusak godhong jati krasa opak Pb = sanadyan barang sing ora pantês dipangan mêksa dipangan, saking nggragase. 4 Aling-aling godhong waringin Pb = nutupi panggawene ala nganggo cara sing gampang dingrêtèni dening liyan. 5 Kaya ngandhut godhong randhu Pb = rêmbuge mencla-mencle.

Kayu. 1 Kayu-apu = bangsane sukêt sagara. 2 Dikayu-alakake Pb = dicêcamah, dianggêp ora prayoga disrawungi. 3 Sèndhèn kayu aking Pb = sumendhe (awêwaton) saksi sing wis mati. 4 Nggugat kayu aking Pb = nggugat wong sing wis mati. 5 Wastra bêdhah kayu pokah Br = kêtaton nganti putung balunge. 6 Kayu buntêl mayit Pt = kayu mawa pèlèt putih (tilasing klokopan) ora prayoga diênggo dandanan. 7 Kayu manis = bangsane manis-jangan. 8 Kayu-dang = kayu bakar, kayu tunon, kayu bong. 9 Kayu-taun = wit-witan sing kayune (dêlêge) kêna dianggo dandanan. 10 Kayuwanan Kw = ka + yuwana + an = karahayon, kaslamêtan (yuwana = slamêt, basuki).

Kawul. Ngagar mêtu kawul = nggêgasah, ora pasah.

Kêmarung. Ngrêgêm kêmarung Pb = momong wong sing angèl watake lan bisa mbêbayani (nyilakani). Kêmarung = êrining gêmbili.

Kêmbang. 1 Lara iku kêmbanging pati Pt = jalarane pati. 2 Pêrang kêmbang Pd = pêrang salêbare jêjêr pandhita (jêjêr gara-gara), yaiku pêrange satriya karo danawa; diarani "pêrang kêmbang " Pd = pêrang salêbare jêjêr pandhita, (jêjêre) pêrang sabanjure, yaiku pêrang tanggung lan pêrang gêdhe (pêrang brubuh). 3 Dadi kêmbang lambe Pt = tansah diucapake. 4 Kêmbang sêpasang = anak 2 wadon kabèh. 5 Kêmbang paès = kêmbang sapisanan (lumrahe ora dadi woh).

--- 145 ---

6 Kêmbang-asêm = ulêse kucing abang sêmu kuning. 7 Kêmbang durèn = ulêse jaran (kuning). 8 Kêmbang-api = bangsane mrecon nanging ora mbêdhos. 9 Kêmbang-waru = arênge ucêng-ucêng diyan. 10 Kêmbang gula = bangsane panganan mut-mutan (prêmèn). 11 Tandurane kêmbang pilangên = kêparag ama sing njalari godhonge awarna kuning. 12 Kêmbang sataman = banyu dikumi kêmbang sing apik-apik (dianggo mijiki pangantèn utawa dianggo sajèn). 13 Aras-kêmbang = gampang tampa sihing liyan (bêndarane, panggêdhene).

Kêcik. Kêcik-kêcik yèn wudhu Pb = sanadyan barang sapele yèn nuju wudhu gêdhe gunane.

Kleyang. Kleyang kabur kanginan Br = kandhang langit kêmul mega = wong ngulandara (lumrahe ora duwe omah).

Kolang-kaling. Botên nggrantês saluguting kolang-kaling pinara sasra = atine ora sêrik babar pisan.

Lahang. Lahang karoban manis Bs = bagus rupane (utawa ayu) tur bêcik wêwatakane.

Mayang. 1 Sêkar pucang, sèwu bêgja kêmayangan = bêgja bangêt. 2 Kêmbangmayang = bukèt kanggo pangantèn, yèn tumrap layon (wong mati) diarani gagarmayang. 3 Mayangkara = Anoman. 4 Disêndhal mayang = dicabut ngêgèt (tumrap nyawa). Mr. kaca 74.

Mêndhang 1 Mêndhang kêbaratan Br = kleyang kabur kanginan, wong ngulandara. 2 Mêndhangkamulan Pd = kraton sing dhisik dhewe ing Jawa-Wetan dumunung ing puncake gunung Mahendra (Lawu), sing jumênêng Ratu Bathara Guru, patihe Rêsi Narada. 3 Mêndhanggana Pd = kratone Bathara Indra nalika jumênêng Ratu ing puncake gunung Sêmèru ajêjuluk Maha Raja Sakra. 54. Mêndhangpura Pd = kratone Bathara Wisnu nalika jumênêng Ratu ing puncake gunung Slamêt (wukir Gora sakidul Têgal) jêjuluk Maha Raja Suman.5. Mêndhanggora Pd = kratone B. Bayu nalika jumênêng Ratu ing puncake wukir Karang (ing Pulo Bali) jêjuluk Maha Raja Bima.§ Pêdhalangan"HimpunanBudhayaSurakarta"Th IV No 10.

Mêrang. 1 Desa sadhêdhak-mêrange Pt = desa sakukubane lan saisine. 2 Lambe satumang kari samêrang Pb = olèhe mituturi wis bola-bali, sing dipituturi mêksa durung manut-miturut.

Patra. 1 Anirna patra Pb = ngungkiri prajanjian kang wis tinulis (layang). 2 Ngreka patra Pb = ngakal-akal layang prajanjian, ngowahi, malsu. 3 Bisa matra-kelasa Br = bisa nganut [nga...]

--- 146 ---

[...nut] warnaning patra (godhong), bisa molah-malih warna. 4 Suwalapatra Kw = layang.

Ramban. Ramban-ramban tanggung Pb = ngarani wong (narka, ndakwa), nanging ora ngrêti jênênge.

Ri. 1 Ancik-ancik pucuking ri Pb = tansah minggrang-minggring ora kêpenak atine, marga ora bisa olèh atine bêndara (panggêdhe). 2 Nglancipi êri Pb = nênangi atine wong sing lagi muring murih saya muring. 3 Cacah êri iwake kabèh ana sajinah = mung ngelingi kèhe, tanpa ngelingi gêdhe-cilike utawa ala-bêcike. 4 Tulisane ngêri Pp = lancip-lancip ora ngêtumbar (tumrap tulisan Jawa).

Ron. 1 Tunggak kalingan rone Bs = ngrasani wong, ora ngrêti yèn sadulure sing dirasani ana ing kono. 2 Alise ngroning imba Pp = tipis, nanggal sapisan.

Sada. 1 Sada lanang = sada sing ana kasiyate. 2 Kêndhalisada = padhepokane Anoman. 3 Nguyuh aling-alingan sada = mareni tindake nistha, isih sêsrawungan karo wong nistha.

Slaga. Salin slaga Pt = malih panêmune (kayakinane). Slaga = sing mbuntêl kêmbang sadurunge mêgar.

Sarah. Sumarah = kaya sarah, yaiku kaya godhong kendhang ing banyu, maksude: atine sumèlèh (nrima). 2 Banjir gêtih asarah bangke = saking akèhe pêpati.

Sari (yèn dipluta dadi muni: sri). 1 Rêbut sari Br = ungkul-ungkulan kaendahan. 2 Mbabar sari Br = lagi nêdhênge mêtu kaendahane (tumrap bocah wadon uga ditêmbungake: pêcah pamore). 3 Kasur-sari = paturon sing endah (mawa kasur lan sinêbaran sari utawa kêmbang). 4 Sinawuran sari ginanda wida jêbat-kasturi Pd = disêbari kêmbang sing dicampuri lênga wangi saka dhèdhès. 5 Nggarap-sari Pt = wêruh banyu, kèl. 6 Pêcêl saren = dhidhih saren karo pêcêl (bumbu pêcêl). 7 Sarine pangan = pathine pangan, yaiku jasading pangan sing migunani tumrap awak. 8 Sari-kuning = kêmbang sing diênggo adon-adon mbabar jarit lsp. 9 Sari-kurung = kêmbang nagasari. 10 Galuga salusur sari Pb = wis bêcik kawuwuhan bêcik. 11 Eka padma-sari Cd = candrane wong minum sasloki (cahyane sumringah kaya sarining kêmbang). 12 Srigunung = katone bêcik manawa saka kadohan, kosok-baline: Sri-taman utawa sripante. 13 Jinêm-sari Kw = jinêm-mrik, jinêm-rum, jinêm-sêkar, paturon sing endah (ngganda wangi). 14 Wotsari Kw = mangênjali. nyêmbah. 15 Tamansari = kêbok kêkêmbangan. 16 Pantisari = omah ing têngah tamansari. 17 Sriwêdari = patamanan ing kahyangane Wisnu;

--- 147 ---

uga arane patamanane para ratu sing katitisan Wisnu, uga arane kêbon kewan ing Sala (madêg taun 1901).

Sêkar. 1 Sêkar kadhaton = têtunggule para putri ing kraton, yaiku: putri kang sêpuh dhewe miyos saka pramèswari. 2 Sêkartaji Bb = putri Daha kang uga asma Candrakirana kagarwa Panji Putra ing Jenggala. 3 Sêkardwijan Pd = jaran sêmbrani titihane Wong Agung Menak. 4 Sêkar Wijayakusuma Pd = kêmbang sing diênggo sarat jumênênge Ratu (Solo lan Yogyakarta), pamêthike saka pulo cilik sacêdhake Nusakambangan. Uga atêgês: kêmbang kagungane Krêsna, dayane bisa nguripake wong mati ing sajaban pasthi. 5 Kirimên layoning sêkar = Mr. layon.

Tatal. Mêrangi tatal Pb = nyambut-gawe kang ora mbabar-pisani, utawa: mindho-gaweni.

Tumpal. Numpal kèli Pb = lêlungan kanthi nunut-nunut, ora ngêtokake wragad dhewe. Tumpal Kw = sarah, larahan, godhong (uwuh) sing kendhang ing banyu.

Tunggak: 1 Tunggak kêmadhuh Bs = tilas mungsuh utawa maru. 2 Ditunggakake Pt = dianggêp tunggak, wong sing disapèlèkake bangêt. 3 Nunggak sêmi Pt = nganggo jênêng (pangkat utawa sêsêbutan) padha karo wong sing digênti. 4 Nunggak bojo Pb = ngrabèni randhane sadulur tuwa. 5 Ukiran tunggaksinêmi = ukirane kêrsis Ki Sangkêlat (mawa luk) lan Ki Pasopati (lêncêng), ukiran iku yasane Sunan Bonang.

Turus. Ngoyag-oyag turus ijo Pb = ngganggu-gawe prawan sing durung diwasa.

Carang. 1 Carang wrêksa Ws = pang. 2 Carang buntala Pd = gambyoking uncal (kalêbu golongane sandhangan wayang). 3 Carang-gantung = arane gêndhing. 4 Lakon carangan Pd = arane lakon wayang sing ora kalêbu ing pakêm padhalangan, lakon karangan (kayata lakon Pancasila).

Cêngkir. 1 Cêngkir kêtindhihan kiring Bs = nêdya omah-omah kêpêksa durung bisa, marga sadulure tuwa durung omah-omah (arêp nglangkahi ora wani). Utawa: wong sing kasoran prabawa, marga kalah tuwa. 2 Cêngkir gati Wc = kêncênging pikir lêganing ati. 3 Cêngkir wungu wungune kêtiban daru Pr = parikan iku lumrahe disêmpurnakake nganggo ukara: wus pêsthimu kowe uwal karo aku.§ Cêngkirwungu = siwalan.

Wiji. 1 Kêpêdhotan wiji Pt = ora ana turune, ora duwe anak, curês [cu...]

--- 148 ---

[...rês] turune. 2 Nandur wiji kèli Pb = ngopèni turune wong bêcik (mbokmanawa ing têmbe ana piwalêse).

Wit. 1 Wit kêdhakah woh kêdhikih Ck = wringin (kosok-baline: woh kêdhakah wit kêdhikih = waluh). 2 Kana nggone kana wite Pt = samubarang sing mbêbayani muga-muga tansah didahna saka awakku (aja nganti nyêdhak marani aku).

Woh. 1 Ngundhuh wohing panggawene Pt = wong iku mêsthi nampa olèh-olèhane panggawene. 2 Sawat abalang wohe Pb = ngarah wanita sarana lantaran sadulure wanita sing diarah, supaya gampang kalêksanane. 3 Suwe mijêt wohing ranti Pb = pagawean kang gampang bangêt ditindakake. 4 Udan-woh = udan sing tlêthoke gêdhe-gêdhe (kêcampuran ès).

XLI. BUMI, PÊLIKAN, GUNUNG, ALAS

Dasanama: 1 Bumi = bantala, kisma, pratala, basundara, basundari, siti, pratiwi, lêmah. 2 Jagad = rat, buwana, alam, donya, marcapada, madyapada, janaloka, manuswapada. 3 Alas = wana, bana, wanadri, wanawasa, janggala, jênggala, wanantara walusan. 4 Gunung = giri, wukir, aldaka, ancala, prawata, prabata, mèru, himawan. 5 Jurang = sigrong, lêmbah, rèjèng, parung, trêbis. 6 Nagara = radya, praja. 7 Dalan = gili, marga, ênu, dlanggung, lêbuh, lurung, sopana, hawan. 8 Mas = kêncana, rukmi, mastatur. 9 Intên = sotya, nila, widuri, jumêrut, manik, kumala, rêtna, galuh, barleyan, mirah-dlima (beda-beda warnane).

Alas. 1 Alas grêng = alas kêtêl apêtêng. 2 Alas glêdhêgan = alas kêtêl mawa wit gêdhe-gêdhe (yèn ana angin swarane kêprungu glêdhêg-glêdhêg). 3 Alas gêrotan = alas mawa kêkayon gêdhe-gêdhe (yèn ana angin swarane kêprungu gêrot-gêrot, yaiku gêgosokane kayu padha kayu. 4 Alas gung liwang-liwung = alas sing jêmbar bangêt. 5 Alas trataban = alas gêgrumbulan (cêdhak padesan). 6 Alas tutupan = alas sing disêngkêr dening nagara. 7 Alas roban = alas sing bisa kacakan robing sagara. 8 Alas pajatèn = alas sing ditanduri jati. 9 Alasane ora maton Pt = pawadane ora gumathok, dêdhasaring sabab ora mapan (kurang kuwat). 10 Ngalasake nagara Pb = tumindak sakarêpe dhewe, nganggêp ora ana pranatane nagara. 11 Nusup ngayam-alas Pp = lumaku nusup-nusup nasak gêgrumbulan lan rerungkudan. 12 Setan alas Ks = têmbung pamisuh. 13 Alas Winangsraya (Minangsraya) Pd = alas kang lumrahe dicaritakake: janma mara mati, sato mara mati (angkêr bangêt). Alas Têrik = alas sing dibabad R. Wijaya, pamburine dadi nagara Majapait.

--- 149 ---

Bata. 1 Bata-bata diêdu bata Pb = nyambut-gawe wragade dijupukake saka olèh-olèhane. 2 Surak mbata rubuh Pp = surake wong akèh bêbarêngan. 3 Mantu mbata rubuh Pb = mantu luwih saka siji dibarêng. 4 Tulisane mbata sarimbag Pp = tulisan Jawa sing awangun pêsagèn-pêsagèn (ora ngêtumbar). 5 Sitinggil binatarana Pd = sitinggil mawa aling-aling tembok saka bata. (Rana = aling-aling, kêlir. Binata = ditrapi bata, maksude: tembok). Sawênèh ana sing ngucapake "binata rata", iku luput.

Bantala. 1 Tumungkul amarikêlu, muka kadya konjêm bantala Br = tumungkul bangêt (olèhe lungguh), raine kaya mèpèd lêmah. 2 Bantala rêngka Cd = candrane mangsa karo, lêmah nêla.

Bumi. 1 Malik bumi Pb = mbalik ngiloni mungsuh. 2 Bêdhah bumi Pt = dhuwit opah gawe kluwat. 3 Bumi pinêndhêm Pb = andhap-asor bangêt. 4 Wong mati ora kêsasaban bumi Ps = wong sêngsara bangêt, mlarat bangêt, dingibaratake wis mati nanging durung dipêndhêm. 5 Saindênge bumi Pt = salumahe bumi kabèh. 6 Gêlah-gêlahing bumi Br = rêrêgêding bumi, wong ala. 7 Sadumuk bathuk sanyari bumi Pb = prakaran bab wanita lan lêmah lumrah ditohi pati.

Buwana. 1 Hamêngkubuwana = asmane K. Sultan (Yogyakarta). 2 Pakubuwana = asmane K. Sunan (Solo). 3 Gawe buwana balik Pb = madêg kraman. 4 Sungsang buwana balik Pb = wolak-walikan, sing asor dadi luhur, sing luhur dadi asor. 5 Buwananên = kabuwanan = mêlèk, nanging ora sumurup. 6 Kêbo sangga-buwana = kêbo acongor putih. 7 Pitik sangga-buwana = ulês klawu dhadhane putih. 8 Panggung sangga-buwana = arane panggung ing Solo. (Sawênèh nêrangake manawa jênêng iku isi sangkalan, atêgês taun 1198. Panggung = pa agung, pa murda = 8 . Song = rong gêdhe = 9. Ga = aksara ga iku angka Jawa 1. Buwana = watak 1).

Dalan. 1 Dalan gawat bêcik disimpangi Pt = prakara sing bisa njalari wisuna prayoga disingkiri. 2 Dêdalane guna lawan sêkti Pt = sing njalari bisa dadi wong linuwih. 3 Sarap sawan bali dalan Pt = têgêse sing arêp mara, mbalèk sanalika. 4 Ora ndalan Pt = têgêse lugu: ora ngambah dalan, maksude: ora nganggo tata. 5 Dalan gang Pb = bênêre muni: dialap gang = dijaluk kanthi roda pari-pêksa. 6 Dalan sidhatan Pt = dalan trabasan. 7 Sarik dalan sandhung watang Pb = prakara sing ora kêna ditêrak, yèn ditêrak nyilakani. 8 Dadia dalan suthik ngambah Pt = wis moh sapa-aruh.

Desa. 1 Dêsa mawa cara, nagara mawa tata P = siji-sijine panggonan nduwèni tata-cara dhewe-dhewe. 2 Ngambah desa milang [mi...]

--- 150 ---

[...lang] kori Pb = njajah têkan ing ngêndi-êndi, nganti têkan papan sing cilik lan sêpi uga diwigatèkake kaanane.

Jagad. 1 Jagad-traya Kw = jagad têtêlu (donya, swarga, nraka). 2 Jagad-pramudita Kw = jagad pramuditaya = jagad rat. 3 Jagadnata = Bathara Guru. 4 Jagad dewa-bathara Pd = têmbung sabawa, diucapake manawa krungu lêlakon utawa sumurup kadadean sing ora agawe sênênging ati. 5 Kang Murbèng-jagad = Gusti Allah. 6 Sapujagal = godhong kelor; uga arane mriyêm (ing Solo). 7 Lêlêthêk rêgêding jagad Br = gêla-gêlahing bumi = wong ala (durjana lsp). 8 Pancuran mas sumawur ing jagad Cd = candrane mangsa Kalima, wiwit ana udan dêrês. 9 Mêmayu ayuning jagad Br = agawe tata-têntrêming donya.

Jurang. 1 Kêjurang-jurang Pt = kêrêp nêmu cilaka. 2 Jurang grawah ora mili Bs = katone loma, satêmêne cêthil. 3 Srama pinggir jurang Pb = pawèwèh sing bisa agawe cilakane wong sing wèwèh lan uga wong sing diwènèhi. (Kajaba pawèwèh sing adhêdhasar T.S.T.).

Ênu. Kêtuju ênu Pt = têgêse lugu: katêmu ana ing dalan, maksude: tujune, bêgja dene.

Galêng. 1 Sadulur ngisor galêng dhuwur galêng Pt = sadulur pancêr wadon lan pancêr lanang. 2 Sabuk galêng Pt = sugih palêmahan. 3 Babat galêng = babat sing kasar.

Gili. Wong sing lumaku nggili Pp = ndlidir tanpa pêdhot.

Giri. 1 Sunan Giri (R. Paku) sing ngêdêgake mêsjid Grêsik. 2 Giri lusi janma tan kêna ingina = Mr. lusi. 3 Pasanggiri = sayêmbara. 4 Kagiri-giri = nggêgirisi, bangêt. 5 Girinata = Bathara Guru.

Gunung. 1 Kêrubuhan gunung Pb = nêmu kasusahan gêdhe. 2 Diêlêtana sagara-gunung sap pitu Pt = sanadyan adoh, jodho mêsthi bakal kêtêmu. 3 Kêjugrugan gunung kêmbang (mênyan) Pb = nêmu kabêgjan gêdhe. 4 Bathuk gunungan Pb = bathuk sing ing dhuwur sêmu lancip (kaya gunungan wayang). 5 Ngontrakake gunung Pb = misuwur bangêt, nggumunake bangêt, kayata: wong sèkèng bisa ngasorake wong sêntosa, wong bodho bisa ngasorake wong pintêr lsp. 6 Wong gunung, adoh lêsung cêdhak lutung Pt = wong gunung kurang ngrêti udanagara. 7 Bocah gunung mêthik kêmbang kliru mbayung Pt = priya cubluk milih wanita (jodho) sing bêcik kliru olèh wanita ala. 8 Gunung gêni = gunung sing ngêtokake gêni. 9 Gunung guntur = arane tênunan (lurik). 10 Gunung sapikul = arane ali-ali amripat têlu (mripat sing têngah gedhe). 11 Gunung [Gu...]

--- 151 ---

[...nung] kêndhêng sêmune kênya musoni Pl = pralambange S. Pakubuwana I, jumênêng Ratu wis yuswa, nanging isih sok manggalih prakara sing rèmèh-rèmèh. 13 Caping gunung Ws = caping sing lancip, maksude; icipana. 14 Sri gunung x Sri taman.

Kawah. 1 Banyu kawah Pt = banyu sing mêtu saka guwa-garba ing sadurunge bayi lair. 2 Kakang kawah adhi ari-ari Pt = tinimbang jabang-bayi, laire banyu kawah luwih dhisik, ari-ari luwih kari. 3 Bubak-kawah Pt = mantu anak pêmbarêp. 4 Kawah Candradimuka = kawahe gunung Jamurdipa ing Suralaya, êndhute aran Blêgêdaba.

Kawat. 1 Blabar-kawat = glanggang kang winatesan kênthêng kawat. 2 Junjang-krawat = punggawa kalurahan ing desa.3 Sapu kawat Br = andêl-andêl sing bisa nyapu parangmuka.

Kêncana. 1 Kêncana wingka Pb = sanadyan anak ala rupane, bapa-biyunge mêsthi trêsna, yèn anake dicacad melu mrina. 2 Ratu Ayu Kêncanawungu Bb = Dèwi Subasiti (Ratu Majapait sing kagarwa Damarwulan). 3 Bale Kêncana saka dhomas Pd = bale kagungane Ramawijaya sing ing salêbare pêrang Alêngka rinêksa Wibisana, pamburine rinêksa Prabu Bisawarna ing Singgêla (putrane Wibisana). 4 Rancangkêncana Pd = arane nagara kang diratoni Petruk ajêjuluk Prabu Durgunadur (Hèlgêduwèlbègthongthongsot). 5 Windu kêncana = windu Adi.

Kumala. Putri susila ing warna sinêmbuh tyase ngumala Br = putri ayu tur luhur budine.

Kutha. 1 Mbêguguk ngutha watu Pb = kêlantur: mbêguguk ngutha waton = mbangkang ing parentah. (Kutha = bètèng). 2 Akutha saksi Pb = sumendhe ing paturaning saksi.

Lêbuh. Ora wêruh lêbuh Pb = ora ngrêti tata-krama. Lêbuh = dalan.

Lêmah. 1 Lêmah pinêndhêm Pb = andhap-asor bangêt. 2 Nggarit lêpah Pt = padatane wanita tinari laki, pratandha gêlêm. 3 Njrêbabah ndhêpani lêmah Br = mangkurêb tangane ndhaplang (mati utawa sêmaput). 4 Saput lêmah = wayah esuk rêpêt-rêpêt. 5 Lêmah-têlês = araning warna (abang sêmu kuning).

Lurung. 1 Lurung buntung Pb = narka durjana ora bisa nglari, dadi tanpa cihna. 2 Sadawanane lurung isih dawa gurung Pb = pawarta bisa sumêbar têkan ngêndi-êndi.

Marga. 1 Murang marga Kw = nyimpang saka dalan sing bênêr, ora manut pranatan. 2 Marga-ina Kw = guwa-garba. 3 Sirna marga layu Br = mati.

--- 152 ---

Nagara. 1Ora wêruh uda-nagara Pt = ora ngrêti tata-krama. 2 Nagarakrêtagama Kss = arane buku karangane Empu Prapanca, nyaritakake kaanane Majapait ing jamane Prabu Ayamwuruk. 3 Kacanagara Pd = Gathutkaca, Guritna. 4 Desa mawa cara, nagara mawa tata = Mr. desa. 5 Singanagara = algojo. 6 P. Dipanagara = Pangeran Antawirya. 7 Tumênggung Wiranagara = asmane Untung Surapati sawise jumênêng Bupati ing Pasuruhan. 8 Tumênggung SatranagaraSastranagara. = Pujangga Yasadipura II.

Parwata. Sukèng tyas marwata suta Kw = sênênge sagunung anakan, sênêng bangêt.

Praja. 1 Narapraja Kw = punggawa nagara, priyayi. 2 Swapraja Kw = paprentahan mandhiri. (Swa Kw = dhewe). 3 Pamong-praja = punggawa nagara bangsane bupati, wadana lsp. 4 Kotapraja = kutha apaprentahan mandhiri. 5 Ora njaga prajane Pb = ora njaga supaya uripe bisa kajèn-keringan. 6 Lambang praja (prasêmoning nagara, sing dipralambangi ratune):

a) Catur-rana sêmune sagara asat = nagara papat (Jênggala, Kêdhiri, Urawan, Singasari) tansah pêpêrangan, nganti ngêntèkake bandha nagara (asat).

b) Ganda kentir sêmune liman pêpeka = Sri Pamêkas ratu Pajajaran kêna dikendhangake Siyungwanara, marga saka pêpekane.

c). Macan galak sêmune curiga kêthul = Ratu kuwasa (Brawijaya Majapait), putra-sêntanane padha kêthul panggalihe ing babagan kasusastran.

d) Lunga pêrang putung watange = Radèn Patah mêrangi para bupati sing isih agama Buda, prajurite (para wali) akèh sing mati.

e) Alêlungan datan kongsi bêbasahan kêsêlak kampuhe bêdhah = Jaka Tingkir jumênênge ratu durung nganti ngalami kamuktèn kêsêlak seda.

f) Surakalpa sêmune lintang sinipat = Panêmbahan Senapati olèhe nênêlukake para bupati sing sêtya marang Pajang prasasat mung abandha kuwanèn, durung nganri rampung kêsêlak seda.

g) Kêmbang sempol sêmune lêbe kêkêthu = Sultan Sêda Krapyak lan Sultan Agung mungkul ing agama Islam.(Kêmbang sempol = trate, pralambange ratu utawa pandhita).

h) Kalpa-sru sêmune kanaka putung = jamane Mangkurat

--- 153 ---

Têgalarum akèh andêl-andêling praja sing dipatrapi ukum kisas.

i) Layon kèli sêmune satriya brangta = Pangeranpati putrane Mangkurat Têgalarum nalika ndhèrèkake lolose ingkang rama kanthi panggalih sungkawa.

j) Gunung kêndhêng sêmune kênya musoni = P.B. I jumênêng ratu wis sêpuh, sok manggalih barang sapele (prakara rèmèh).

k) Lung gadhung sêmune rara nglikasi = Sunan Mangkurat (putrane P.B. I) sarwa prigêl lan sêmbada, nanging panggalihe thukmis.

l) Gajah mêta sêmune têngu lêlakèn = P.B. II kineringan para ratu manca nagara, nanging alitan panggalih.

m) Panji loro sêmune Pajang - Mataram = pralambang anane ratu loro, yaiku Sunan Pakubuwana III lan Hamêngkubuwana I.

n) Rara ngangsu randha loro anututi pijêr atukar = satriya oncat saka kraton (Radèn Mas Said?) ditututi wadyabalane ratu loro (R. M. Said jumênêng ing Sukawati ajêjuluk Mangkunagara I).

o) Tan kobêr apêpaès amangun sinjang = Pakubuwana IV lan V ora kobêr mranata praja, marga akèh rubeda kang ngrêribêdi.

p) Kalabêndu sêmune Sêmarang lan Têmbayat = P. Dipanagara madêg suraning panggalih pêrang karo Kompêni.

q) Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt = Ratu Adil angadhaton ing Kêtangga, sadurunge jumênêng Ratu Adil kasêbut Satriya kêsampar-kêsandhung.

r) Gandrung-gandrung ing lêlurung andulu gêlung kêkêndhon; kêris parung tanpa karya, êdolên tukokna ulêng-ulêng campur-bawur = tanah Jawa (Nuswantara) wis gêmah-ripah karta-raharja, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku. (Kêris parung = kêris adhapur naga lumaksana, mawa luk).

Rat. 1 Sajagad-rat = sajagad kabèh. 2 Kalokèngrat Kw misuwur ing jagad. 3 Musthikèngrat = kang pinunjul dhewe ing jagad; uga atêgês: arane têmbang Gêdhe (laku 15. pêdhotan 4.4.7). 4 Kaum ningrat = bangsa luhur, kosok-baline: kaum krama. 5 Murdaningrat Kw kêpalaning jagad, sing ngratoni jagad. (Sing dicaritakake mangkono kayata: Ramawijaya). 6 sastrajendra ayuningrat, pangruwating rasêksa-diyu Kss = piwulang (ngèlmu) linuwih sing agawe tata-têntrêming jagad, nyirnakake dur-angkara-murka. 7 Suradira jayaningrat

--- 154 ---

lêbur dening pangastuti Kss = supaya bisa dadi wong kuwasa (jaya, mênang) bisa ngêrèh jagad, kudu wani mêpêr kamurkan, lan kamurkan bisane lêbur dening panêmbah (darma panggawe bêcik).

Unèn-unèn ing dhuwur iku kasêbut ing buku Witaradya (karangane R. Ng. Ranggawarsita)ing pupuh Kinanthi, mangkene:

Jagra angkara winangun, sarjana marjayèng wèsthi, puwara kasub kuwasa, warsita jro Weda muni "Sura Dira jayaningrat, lêbur dening pangastuti". Ring janma di kang winangun, kumênyar wimbaning rawi, prabangkara dumipèng rat, menang kang sarwa dumadi, ambêk santa paramarta, puwara anyakrawati.

Jagra angkara = njaga kamurkan, mêpêr hawa-napsu. Winangun = ditata. Sarjana marjayèng wèsthi = wong linuwih (bisa) nyirnakake bêbaya (yaiku kamurkan). Puwara kasub kuwasa = wasana misuwur kuwasa. Wasita jro Wedha = wêwarahsajrone buku piwulang luhur. Ring janma di kang winangun = marang wong linuwih kang wis ditata uripe (ora angkara-murka). Kumênyar wimbaning rawi = gumêbyar kaya plêthèking surya. Prabangkara dumipèng rat = sorote nyunari jagad. Menang kang sarwa dumadi = cêtha kabèh saisine jagad. Ambêk santa paramarta = (wong sing ora angkara) watake alus agawe adhêming liyan. Puwara anyakrawati = wasana (wong kang mangkono iku) bisa mêngku jagad, nguwasani paprentahan.

Rêtna. 1 Sang lir rêtna Br = sang putri. 2 Nagara Jênggalarêtna Pd = Nagara Dwarawati.

Satu. Lir satu munggwing rimbagan Pb = trêp bangêt, cocog bangêt kêkarêpane. Satu Kw = bata.

Sawah. 1 Sawah sorotan = sawah sing olèh banyu ilèn, kosok-baline: sawah tadhahan = sawah sing mung olèh banyu udan. 2 Sêsawah = nggarap sawah, nandur pari.

Sela. 1 Selamatangkêp = lawang Suralaya. 2 Sela brakithi = arane sêmut. 3 Selakarang = lêlaraning tracak jaran. 4 Tunjung tuwuh ing sela = mokal, orabisa klakon.

Siti. 1 Siti tinêbêla Pb = digugat ora mangsuli, liya dina malês nggugat. 2 Sitisundari Pd = putrane Krêsna miyos saka dèwi Pratiwi, kagarwa Angkawijaya. 3 Siti Fatimah Bb = putrane Nabi Muhammad kagarwa Bagendha Ali. 4 Siti Jênar = asmane sawijining Wali.

Sotya. 1 Sotya murca saking êmbanan Cd = mangsa Kasa akèh

--- 155 ---

wit-witan sing brindhil (godhonge rontog). 2 Sotya sinarawèdi Cd = mangsa Dhèstha (Kasawelas) akèh manuk ngloloh.

Taman. 1 Sritaman = katon bêcik yèn didêlêng saka cêdhakan. Kosok-baline: Srigunung. 2 Taman-sari Kw = taman-santun, patamanan, kêkêmbangan (papan diênggo suka-suka). 3 Arane taman ing padhalangan kayata: Sriwêdari ing Maèspati, Argasoka ing Alêngka, Kadilêngêng ing Astina, Maherakaca ing Cêmpala, Maduganda ing Madukara lsp. 4 Taman pinaèlu Kw = ora dipraduli.

Tanah. 1 Tanah ngare = tanah ngampah, kosok-baline: tanah pagunungan. 2 Lênga tanah = lênga latung, lênga liyun, lênga patra. 3 Tanah manca = tanah liya. 4 Tanah wutah-gêtih = tanah kalairan. 6 Wis gênah wis tanah Pt = wis cêtha manawa turune wong bêcik. 7 Nyurtanah = nylamêti wong mati ing dina gêblage.

Watu. 1 Watu-kambang = watu kropos sing kumambang ing banyu. 2 Watu-karang = bangsane padhas ing sagara. 3 Watugunung Pd = Ratu Gilingwêsi kang njalari anane wuku warna 30. 4 Nyathak njalu watu Pb = ngadhêp panggêdhe ora kanthi ditimbali. 5 Ngêntèni timbule watu-itêm Pb = ngarêp-arêp barang kang nglêngkara têkane. 6 Ngêmpukake watu-itêm Pb = nganggêp gampang prakara angèl, toging êndon ora bisa nindakake.

Wêsi. 1 Wêsi-aji = wêsi kang manawa digawe gêgaman pangasahe kudu diwarangi. 2 Wêsi-brani = wêsi sing duwe daya panggèndèng. 3 Wêsi gligèn = wêsi giligan, awangun gilig. (Gilig + an = giligan, dipluta dadi: gligèn). 4 Sumbare kaya bisa mutung wêsi gligèn Pt = sumbare nggêgirisi. 5 Rajêg-wêsi = pagêr saka wesi. 6 Trincingwêsi = Gathutkaca, Guritna, Kacanagara.

XLII. LANGIT LAN ISINÉ

Dasanama: 1 Langit = boma, bomantara, akasa, awiyat, wiyati, tawang, widik-widik, dirgantara, jumantara, byoma, antariksa, gêgana, ambara. 2 Srêngenge = (sang + hyang + we = sang dewaning rina), surya, baskara, bagaskara, bagaspati, arka, aruna, radite, raditya, pratangga, pratanggakara, pratanggapati, diwangkara. 3 Rêmbulan = wulan, sasi, lèk, badra, candra, basanta, kirana, soma, sitarêsmi, sitèngsu, sitakara, sasadhara. 4 Lintang = wintang, bintang, sasa, taranggana, kartika, sudama. Arane lintang: Panjêrrina, Bimasêkti, Banyakangrêm, Wuku, Wluku, Kukusan, Kêmukus, Gubugpèncèng, [Gubug...]

--- 156 ---

[...pèncèng,] Jakabèlèk, Lanjarngirim. 5 Mega. = ima, irawan, imantaka, urur, kukap, imantara. 6 Mêndhung = rêmêng, rumung, danu, jaladara, rarabi, limut, jaladha. 7 Kilat = thathit, lidhah, aban, widyuta, obar-abir. 9 Gludhug = gêrêh, gêtêr, guntur, kêtug, gurna, gurnita. 9 Blêdhèg = gêlap, braja, (bajra), erawati, wrahaspati.

Akasa. Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi Br = sarèhne arêp dak patèni, sambata bapa lan biyungmu. Akasa ngibarat bapa, pratiwi ngibarat biyung utawa ibu).

Badra. 1 Bêbadra = wiwit truka babad alas, bêbakal, cikal-bakal. 2 Sumbadra Pd = Dèwi Bratajaya, Widawati, Rara Irêng putri ing Banoncinawi. 3 Badranaya Pd = Sêmar. 4 Kemêngan Badra irawan Br = (kaya) rêmbulan kalimputan ing mega, maksude: pasuryane katon nglêntrih, marga nandhang sungkawa.

Amun-amun = ombak gêtêring hawa kang kêsorotan srêngenge. Saêndhêg amun-amun = lêmbut bangêt.

Bagaspati. 1 Bagawan Bagaspati Pd = pêndhita ing Argabêlah (Giripurna) sing pêputra Pujawati (kagarwa Salya banjur asma Sêtyawati). 2 Mbagaspati Pb = pangucap diksura nglawan panggêdhe utawa pangadilan.

Boma. Bomapati Pd = Bomantara, Ratu Trajutrisna (putrane Krêsna miyos saka Pratiwi).

Daru. 1 Kêtiban daru Pt = olèh wahyu, pulung, kabêgjan gêdhe. 2 Kêna ing darubêksi Pt = nêmu cilaka marga saka pangrenahing liyan (diracun, dituju-layar lsp).

Erawati. 1 Gêtêr-patêr dhèdhèt-erawati Pd = gumlêgêr swaraning blêdhèg. 2 Dèwi Erawati Pd = putrane pambayun Prabu Salya, kagarwa Wasi Jaladara (Baladewa, Kakrasana).

Irawan. Bambang Irawan Pd = putrane Janaka miyos saka dèwi Ulupi ing pratapan Yasarata.

Kilat. Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit = tandang kang cukat-trêngginas bangêt.

Langit. 1 Kandhang langit kêmul mega Br = ora duwe omah. 2 Bisa njara langit Pb = pintêr bangêt. 3 Têkan ing langit sap pitu Pt = dhuwur bangêt (tumrap pangkat lsp). 4 Padhang langite Et = katon bingar polatane, sênêng. 5 Salumahe bumi sakurêbe langit Pt = sajagad-rat.

Lintang. 1 Colok lintang Br = lêlungan wayah bêngi tanpa obor lsp. (mung tampa pêpadhange lintang). 2 Sura kalpa sêmune lintang sinipat Pl = pralambange Panêmbahan Senapati olèhe mênêlukakenênêlukake. para adipati kang sêtya marang darahe Sultan

--- 157 ---

Pajang tanpa wadyabala akèh, durung nganti rampung kêsêlak seda. 3 Cebol nggayuh lintang Bs = wong sèkèng darbe panjangka gêdhe (mokal bisane kalêksanan). 4 Adoh lintang binalang kayu, cêpak cupête tangèh kênane Br = panjangka, angarêp-arêp, panyuwun lsp. sing tangèh bisane kalêksanan. 5 Kalintang Kw = dahat, bangêt.

Mega. 1 Mega malang Pd = lapisan mega sing dhuwur dhewe. 2 Othak-othak mega Pt = dhuwur bangêt. 3 Mega = ulêsingdara.

Prabangkara. Jurusungging Prabangkara Bb = putrane Brawijaya I kang wasis bangêt nggambar.

Rêmbulan. 1 Ayune kaya rêmbulan Pp = ayu bangêt, danar-danar. 2 Padhang rêmbulan = wayah bêngi sing mawa soroting rêmbulan, kosok-baline: wêngi pêtêngan. 3 Rêmbulan kantha = rêmbulan ing sasi Jawa sadurunge tanggal 14-15, kosok-baline rêmbulan panglong = rêmbulan ing tanggal tuwa sasi Jawa. 4 Rêmbulan purnama-sidhi = rêmbulan kang sêmpurna, tanggal ping 14 - 15 sasi Jawa.

Srêngenge. 1 Pandêngan karo srêngenge Pb = mêmungsuhan karo wong kuwasa (panggêdhe). 2 Srêngenge pine, banyu kinum. bumi pinêndhêm, gêni pinanggang Slk = pangadilan sing ora bau-kapine. Têrange kaya padhange srêngenge, jêjêge kaya banyu sajrone wadhah, alusing pandangune marang sing prakaran ngibarat bumi pinêndhêm (andhap-asor), tibane putusan kaya gêni.

Sudama. 1 Asaraya sudama Pb = mènèhi sraya marang durjana. (Sudama = lintang, pêpindhane pitulungan kang diwènèhake, atêgês: awèh pêpadhang).

Surya. 1 Suryakantha = piranti diênggo ndêlêng barang lêmbut supaya katos gêdhe. 2 Pasuryan Ki = praupan, rai. 3 Surya kang miyos ing dalu Ws = rêmbulan. 4 Suryadilaga = jêjuluke K. G. Pakualam sadurunge yuswa 40 taun.

Thathit. 1 Thathit ngima-unthit Pb = nuduhake panguwasane.

Tawang. 1 Idêp dumêngèng tawang Cd = idêp ngêtonggèng, pucuke mayuk mandhuwur. 2 Kêsandhung ing rata kêbêntus ing tawang Pb = nêmu bêbaya sing ora kinira-kira. 3 Tawang-gantungan Pt = bocah kêmbar utawa dhampit sing laire lêt dina. Pd = arane nagara kang ratune asma Prabu Dasaswara (Dasakumara), iku yitmane Dasamuka. 4 Nggayuh tawang Pb = njangka prakara sing mokal. 5 Nggayuh ing tawang pêjah tan wikara Pb = nêdya nyêkêl durjana, wasana tumêka ing tiwas pinrajaya durjana sing nêdya dicêkêl.

--- 158 ---

Candra. 1 Candrakirana = dèwi Sêkartaji, garwane Panji Putra. 2 Candramawa = arane ulêse kucing. 3 Candradimuka = kawah ing Suralaya. 4 Luwih rupa kurang candra = isih luwih endah rupane tinimbang karo olèhe nyandra.

XLIII. GÊNI

Dasanama: 1 Gêni = latu, api, apyu, agni, bahni, dahana, brama, guna, anala, siking, pawaka, puya. 2 Sorot = sunar, cahya, ujwala, sunu, sênên, praba, prawa, sirat, kênyar. 3 Obor = colok, suluh, oncor, oncong. 4 Kobong = kobar, kawlagar, kêbêsmi, tinunu.

Agar. 1 Gêni agaran = gêni olèh-olèhane ngagar. 2 Ngagar = gawe gêni sarana kayu digosokake. 3 Ngagar mêtu kawul Pb = nggêgêsah nanging ora pasah. 4 Kayu agaran = kayu sing diênggo ngagar. 5 Diagar-agari = diagag-agagi supaya wêdi.

Angêt. 1 Awake angêt Pt = rada lara (mriyang). 2 Timbangane angêt Pt = luwih abot sathithik saka mêsthine, kosok-baline: timbangane adhêm = kurang saka samêsthine. 3 Angêt kêmuku Pt = mangêt-mangêt. 4 Dingêt = dipanasi, digodhog manèh (tumrap panganan).

Arêng. 1 Arêng-watu = jasad irêng saka kayu kang kêpêndhêm ing lêmah (ngêmu lênga). 2 Ngaturi glondhong pangarêng-arêng Br = nyaosi pisungsung.

Bêsêm. 1 Mbêsêmake basa Jawa Et = ngrusakake kaendahane basa Jawa. 2 Mbêsêmake payung Pb = njalari sudaning kaluhuran.

Dahana. 1 Argadahana Pd = kahyangane Bathara Brama. 2 Smaradahana Kss = buku karangane Empu Darmaja, nyritakake: Bathara Guru mratapa, dilêpasi jêmparing Pancawisaya dening Kamajaya kang agawe badharing tapane, wasana Kamajaya banjur diobong dening Bathara Guru nganggo gêni kang mêtu saka têlênging palarapane Bathara Guru.

Gêni. 1 Nggêni = njêjaluk mrèntèk-mrèntèk. 2 Nggêniyara = tapa mung mangan sarwa mêntah. 3 Gêniraga = arane lurik utawa bêndera awarna abang. 4 Gêni pinanggang Bs = lagi nêpsu tampa wêwadul, saya muntap nêpsune. 5 Duk sandhing gêni Bs = wanita kumpul priya gampang tuwuhe bab kang ora prayoga. 6 Ora ana gêni tanpa kukus Bs = manawa ana lêlakon (kadadean) apa-apa mêsthi ana kabare. 7 Gêni guntur nilabêna Slk = prentahe panggêdhe kudu tumindak. 8 Ngidak gêni blubukan Pb = nrajang pakewuh tanpa wêweka. 9 Gêni salah Pt = gêni sing ora karuwan sangkane. 10 Pati-gêni =

--- 159 ---

tirakat tanpa mangan-ngombe lan ora wêruh gêni sarta soroting srêngenge (ana ing sênthong bae). 11 Balung gêni Ws = mawa. 12 Suwandageni Pd = pêndhita ing Ardisêkar (bapake Sumantri lan Sukasrana). 13 WisargêniWisanggêni. Pd = putrane Janaka sing miyos saka widadari Dèwi Drêsanala. 14 Idu gêni Pb = klakon ing sagunême, digugu ing wong. 15 Balung gêni Ws = mawa.

Kukus. 1 Kukusan = piranti diênggo ngukus. 2 Kukus gantung Ws = sawang. 3 Nagara dhuwur kukuse Pt = misuwur, kuncara. Ora ana kukus tanpa gêni Bs = ora ana kabar tanpa kanyatan; yèn ana kabare, êmbuh gêdhe cilike mêsthi ana kadadean sing njalari anane kabar. 5 Kumukus = mêtu kukuse; arane bangsa bumbu; arane lintang. 6 Kukuse kumêlun = nglandeng gêgulungan..

Urub. 1 Kanggo urub-urub = diênggo dadèn-gêni. 2 Atine murub Et = nêpsu bangêt. 3 Sandhangane murub-mubyar = momplyor bangêt, pating glêbyar. 4 Murub drajate Pb = akèh rêjêkine.

Obong. 1 Obong-obongan bale si gala-gala Pd = lakon wayang nyritakake Pêndhawa diobong Kurawa, dituduhi dalan-ngungsi dening garangan putih. 2 Ngobong wong Pt = nggêgêsah wong. 3 Mati obong = mati alêbu tumangan (mbelani patining guru-lakine).

Obor. 1 Kêpatèn obor Pb = kelangan lacak aluraning sadulur. 2 Nagara gêdhe obore, padhang jagade Pb = sakèhing prakara dititi-priksa kanthi adil.

Panas. 1 Panasbaran = panasbaranan = panastèn, gampang panas atine, nêpson. 2 Panas atine Et = muring lan mèri marang liyan. 3 Sing ngungkuli panasing gêni iku panasing ati Pt = panasing ati luwih mbêbayani tinimbang panasing gêni. 4 Dhuwitpanas Et = dhuwit kang dudu duwèke dhewe, yèn diênggo bisa nyilakani. (Dhuwite pakumpulan sing dadi tanggungane utawa dhuwit nagara). 5 Nglakoni panas-pêrih Pt = rêkasa lan kangèlan (susah). 6 Panastis = lara malaria (kaanane awake sadhela panas, sadhela atis utawa adhêm). 7 Panas karo panas dadi adhêm Ck = wedang panas disiramake gêni. 8 Adhêm karo adhêm dadi panas Ck = banyu adhêm dicêmplungi prongkolan gamping.

Suluh. 1 Suluhan = padone mripat sacêdhake irung. 2 Gêdhang suluh = matêng ana ing wit. 3 Nyuluh kodhok = golèk kodhok nganggo suluh (obor). 4 Asung sêsuluh Br = mènèhi pituduh. 5 Wayang suluh = wayang sing tuwuhe ing jaman perjuwangan (taun 1946), kanggo nênangi sêmangating rakyat.

--- 160 ---

Colok. 1 Dicolokake = dituduhake kalawan têrang-têrangan. 2 Asu abobot colok = abuntut irêng ing pucuke putih. 3 Nyolok mata Et = nindakake pakarti ala ing sangarêpe wong.

Wongwa. Nyaruk wongwa Pb = nyanak marang mungsuh. Wongwa Kw = gênimawa.

XLIV. WARNA

Arane warna: 1 Putih = dawala, pinge, pingul, seta. 2 Abang = jingga, jingga-loka, rêkta. Irêng = langking, krêsna. 4 Ijo = wilis. 5 Biru = bintulu. 6 Kuning = jênar, punar. 7 Gadhing = putih sêmu kuning. 8 Dadu = abang nom. 9 Jambon = abang-nom sumringah. 10 Kapuranta = kuning-tuwa. 11 Wungu = warna kaya awu.

Ulês: 1 Kêbo lamus = irêng sêmu klawu. 2 Kêbo bule = putih. 3 Jaran dhawuk = irêng kêcampuran putih. 4 Kucing kêmbang-asêm = abang sêmu kuning. 5 Jaran bopong = kuning mawa sikil irêng. 6 Jaran kêmbang-durèn = kuning. 7 Jaran lêmah-têlês = abang sêmu kuning. 8 Jaran (jangkrik) dragêm = abang sêmu irêng. 9 Jangkrik jrabang = abang. 10 Jangkrik jlithêng = irêng. 11 Kucing candramawa = irêng, sikil lan êndhase putih. 12 Jago wido = wulu ing gêgêre mawa pinggiran ijo. 13 Jago wiringgalih = abang, sikile irêng. 14 Jago wiringkuning = asikil kuning. 15 Jaran pancal = sikile putih. 16 Jaran pancalpanggung = putih sikile papat pisan. 17 Jaran napas = klawu sulak kuning. 18 Jaran prumpung = kuning sêmu putih. 19 Jaran janjan = sêmu kuning.

Warna sing bangêt: putih mêmplak (putih mulus), abang mbranang, kuning gumrining (ngunir bosok), ijo royo-royo, irêng thunthêng, biru kêcu.

Corake gêndera: 1 Gula-klapa aciri cakra = abang-putih têngêr cakra, gêndera prajurit tamtama. 2 Pare anom (ijo-kuning) aciri cakra, gêndera prajurit carangan. 3 Gêniroga (têngah irêng pinggir abang) tanpa ciri, gêndera kanayakan Gêdhongtêngên lan Gêdhongkiwa. 4 Alaskobong (têngah abang pinggir irêng) tanpa ciri, gêndera kanayakan kêparak-kiwa lan kêparak-têngên. 5 Bangotulak (manuk bango ulês tulak: têngah putih pinggir irêng), gêndera kawadanan kanayakan. 6 Sêkartêlêng (têngah biru pinggir putih), gêndera abdidalêm wadana. 7 Irêng aciri wanara-seta nyêkêl wit wringin, gêndera nayakasèwu. 8 Irêng aciridanawa- cêngkah lan wanaraseta, [wanara...]

--- 161 ---

[...seta,] gêndera wana gladhag. 9 Irêng aciri sastra Arab (pamburine diganti warna: putih-biru-abang), gêndera Kapatihan. Dasanama: Gêndera = panji, dwaja, lêlayu, rontèk, dludag, umbul-umbul, tunggul.

Abang. 1 kanggo abang-abang lambe Pt = diênggo ngenaki atine sing dijak gunêman. 2 Ngabangake kuping Et = agawe muring. 3 Cahyane abang dluwang Sn = pucêt bangêt. 4 Dijênangake abang Pt = diwènèhi jênêng. 5 Bang-bang wetan = wayah ngarêpake surya mlêthèk, langit ing sisih wetan katon abang. 6 Nyêkêl bang-bang aluming praja Br = nguwasani nagara lan tanggung-jawab ala-bêcike. 7 Ngabang-bironi Pt = (cahyane cat abang cat biru) judhêg lan bingung kêslêpêk ing butuh lsp. 8 Yèn nginanga durung abang, idua durung asat Br = lagi sêdhela bangêt. 9 Akampuh polèng bang-bintulu, Pd = adodot polèng abang-biru (Wrêkudara, Anoman). 10 Bayi-abang = bayi mêntas lair. 11 Wong abangan = ora nglakoni sarengate agama.

Dhawuk. 1 Wis dhawuk Pt = wis tuwa (bangêt).

Jingga. 1 Sêmangka jingga = sêmangka ing têngahe (ing jêrone) abang. 2 Menakjingga Pd = Adipati Blambangan kang mbalela marang Prabu Kênya Majapait, malah nêdya nggarwa Sang Prabu. 3 Ngagêm kampuh jingga tinêpi = mawa kampuh sing pinggire awarna abang. 4 Mirong akampuh jingga Pb = madêg kraman.

Jlithêng. 1 Jangkrik jlithêng = jangkrik irêng. 2 Jlithêng kakangku = pangundange Wrêkudara marang Krêsna, sabab Krêsna irêng (cêmani).

Ijo. 1 Ngijo = tuku pari ing sadurunge diênèni. 2 Cahyane ijo Pt = pucêt marga kuwirangan. 3 Ijo-pupus = ijo-gadhung, ijo-nom. 4 Isih lawa ijo Pt = isih lamban (ora anak ora bojo). 5 Gêdhang kapok gêdhang ijo, wong mondhok dadi bojo Pr = sok diênggo nyêngèsi wong mondhok sing banjur dadi bojone sing dipondhoki (anake). 6 Ijoan = (matur) lèsan, ora nganggo layang. 7 Kêbo-Ijo = Mr. Kêbo.

Irêng. 1 Katrêsnane sakuku irêng Pp = cilik, nanging lêstari ing salawase. 2 Rara Irêng Pd = Sumbadra. 3 Irêng-manis Pt = irêng, nanging ngrêsêpake. 4 Irêng cêmani = irêng têrus têkan jêrone. 5 Sêmut irêng anak-anak sapi = dèwi Sapudhi putri saka Wandhan, irêng manis, kagarwa Brawijaya pêputra Lêmbupêtêng.

Kuning. 1 Sunan Kuning Bb = Mas Garêndi jumênêng Sunan dibiyantu wadyabala kuning, yaiku jaman huru-hara Tionghwa (jamane S. Pakubuwana II taun 1740). 2 Gada Wêsikuning [Wêsi...]

--- 162 ---

[...kuning] = arane sawah sing sangar. 5 Randhu-kuning = randhu sing kayune kuning kêna diênggo sarungan kêris.

Putih. 1 Putih njaba Pt = ing lair katon suci, batine ora suci. 2 Agêtih putih Pt = suci. 3 Tanah mutihan Pt = desa sing ora diwajibake mbayar pajêg (jaman biyèn), lumrahe ing kono ana pasareane bangsa luhur. 4 Mutih Pt = tirakat mung mangan sêga thok. 5 Pêndhitaning antiga, putih jaba jêro kuning = ing laire katon suci, nanging batine darbe sêdya ala.

Rêkta. 1 Pala rêkta Ws = (woh awarna abang) bolu. 2 We rêkta kang muroni Ws = anggur.

Seta. 1 Radèn Seta Pd = putrane pambayun Prabu Maswapati ing Wiratha. 2 Wanara-seta Pd = Anoman, Sênggana. 3 Seta-Kumitir Pd = putrane Patih Logêndèr ing Majapait.

Tunggul. 1 Tunggul panantang = layang panantang pêrang. 2 Lading tunggul = lading awangun saèmpêr arit. 3 Têtunggul = kang pinunjul dhewe. 4 Panunggul = driji têngah, uga atêgês: mripate suwêng utawa ali-ali ing têngah dhewe. 5 Wilahan panunggul = (wilahane gamêlan laras pelog) wilahan bêm. 6 Tunggul Amêtung Bb = adipati Tumapêl, garwane asma Kèn Dhèdhès, pêputra Anusapati. 7 Tunggulnaga = songsonge Puntadewa, songsonge Jayèngrana.

Warna. 1 Sulistya ing warna Br = ayu (bagus). 2 Mancala warna Kw = malih warna. 3 Kawarna (winarna) Br = kacarita, kocap. 4 Prabu Bisawarna Pd = Ratu Singgêla nalika timure asmane Dêntawilukrama (putrane Wibisana). 5 Gêndera Dwiwarna = Sang Saka, Sang Merah-putih. 6 Basa dwiwarna = têmbung-têmbung kang ora ana kramane, nanging ana kramane inggil, kayata: gêlang-binggêl, rambut-rema lsp. 7 Basa triwarna = têmbung-têmbung sing ana kramane lan uga ana kramane inggil, kayata: jarit-sinjang-nyamping, mangan-nêdha-dhahar lsp.

Wilis. 1 Nglalêr wilis Pb = atindak nistha, nguthuh ora idhêp isin. 2 Wadyabalane tan kêna winilis Kw = wadyabalane ora kêna dietung, tanpa wilangan, akèh bangêt.

XLV. BANYU

Dasanama: 1 Banyu = arjuna, jala, jahni, jahnawi, hèr, loh (lwah), ranu, sindu, tirta, tuban, udaka, warih, we. 2 Udan = jawah, jawuh, jawoh, krêmun, rarabi, rêrêp, riris, surur, warsa. 3 Sagara = jaladhian, jaladri, jalanidhi, laut,

--- 163 ---

samudra, tasik, udadi,, waudadi, arnawa. 4 Kali = lèpèn, loh (lwah), banawi, bangawan, nadhi, narmada. Awun-awun = bun (grimis) ing wayah esuk.

Banjir. 1 Banjir-bandhang = banjir gêdhe sing agawe karusakan. 2 Kêbanjiran sagara madu Pb = nêmu kabêgjan gêdhe.

Banyu. 1 Banyu gege = banyu mawa kêmbang dimantrani diênggo ngêdusi bayi. 2 Banyu windu = banyu diwayokake. 3 Banyon = wilangan pambanyune jago sing diêdu; uga atêgês: landhane taibêsi sing diênggo sisig (untu). Banyu tangi = banyu dicampuri wedang diênggo adus wong lara. 5 Mbanyuwara = tirakat sarana nyirik banyu. 6 Banyu tawa = banyu wantah, kosok-baline: banyu asin. 7 Banyu-mas = bênang-mas (dianggo mbludir lsp). 8 Banyurasa = jasad kaya jer-jeran timbêl. 9 Kabanyurasa upaya Pb = kêna mêmanise ruba (bêsêl). 10 Banyu tuli = banyu sing diênggo sarat nambani. 11 Lêbak ilining banyu Pb = wong cilik lumrah diênggo tiban kaluputan. 12 Nggarap banyu = wêruh banyu, nggarap sari, kèl. 13 Tunggal banyu Pb = tunggal guru (ngèlmu), kayata: Prabu Jayabaya karo Ajar Subrata padha dene maguru marang Maulana Ali Samsyu Zain. 14 Banyu pinêrang Pb = pasulayan sadulur enggal rukun manèh. 15 Dom sumurup ing banyu Bs = tindak nyamar dhêdhêmitan. 16 Ngangsu banyu ing kranjang Pb = maguru, sawise olèh kawruh ora diênggo. 17 Ngubak-ubak banyu bêning Pb = gawe rêrusuh. 18 Golèk banyu bêning Pb = maguru, madhukun. 19 Ora ana banyu mili mandhuwur Pb = wêwatakane anak padha karo wong-tuwane. 20 Dikêna iwake aja buthêk banyune Bs = sêdyane bisaa kalêksanan, nanging aja nganti gawe gêndra. 21 Wani cur-curan banyu kêndhi Pb = wani sumpah. 22 Pisuguhe mbanyu-mili Pp = tanpa pêdhot. 23 Mantu mbanyu mili Pb = mantu saka siji lumintu. 24 Bêbanyu = ngising. 25 Lara banyunên Pt = lara ngising. 26 Caruk-banyu Pt = gêdhe-cilik ala-bêcik dianggêp padha. 27 Banyu sinaring Pb = tansah wêweka ngulatake budining liyan. 28 Bahni nêmpuh banyu Bs = wong prakaran, sawise diadili banjur nggugat marang sing ngadili. 29 Dadia banyu moh nyawuk Pt = moh sapa-aruh. 30 Kaêdusan banyu sasiwur Pb = wong pirang-pirang tampa pawèwèh (sêga lsp) sathithik.

Blabur. Mubra-mubru blabur madu Pb = sarwa kacukupan uripe.

Bun. 1 Ngadhang-adhang tètèsing bun Pb = ngarêp-arêp pawèwèh (sih-wilasa) sing durung karuwan têkane. 2 Ngêbun-bun enjang, njêjawah sontên Ws = (bun wayah esuk = awun-awun; udan wayah sore = rarabi) nyuwun rabi, nglamar.

--- 164 ---

Jamban. Gandane arum jamban Sn = ora enak bangêt ambune (bangêr bangêt, amis bangêt).

Grojogan. 1 Kriwikan dadi grojogan Pb = prakara sapele dadi gêdhe. 2 Grojogansèwu Pd = pratapane Baladewa ing sajrone Bratayuda (saka pamrayogane Krêsna).

Guskara. Angguskara Pb = wong duwe wêwênang nggugat ora ditindakake: pêpindhane sumur, ora mili banyune. Guskara Kw = sumur.

Hèr. 1 Hèr mina(ng)kata Br = nungsung warta (pêpindhane kaya panungsunge mina utawa iwak ing banyu). 2 Hèr gung raja manung Bs = wong sugih sing bèrbudi.

Ili. 1 Ngili = ngungsi mênyang liya panggonan. 2 Jurang grawah ora mili Bs = katone loma, satêmêne cêthil. 3 Numpal kèli Pb = lêlungan lakune sarana nunut-nunut, lan tanpa jujug.

Kali. 1 Dèwi Kali - Bathari Durga. 2 Kaliyuga = arane jaman. 3 Kalijaga = asmane Wali kang nalika timure asma Radèn Sahid, putrane Tumênggung Wilatikta ing Jêpara; asma Kalijaga, marga dêdunung ing dhukuh Kalijaga (Cirêbon).

Kêdhung. 1 Dhayung olèh kêdhung Bs = darbe sêdya olèh dalan prayoga. 2 Kêdhung jêro kêna dijajagi, balik atine wong sapa sing ngrêti Pt = wong ora bisa nggagapi batining liyan. 3 Kali ilang kêdhunge, pasar ilang kumandhange (Jangka Ranggawarsitan) = titikan wiwite kaanane tanah Jawa ora nyênêngake (wong-wong padha rêkasa uripe).

Klêbus. Cincing-cincing klêbus Pb = niyate ngirit, wasana malah sangsaya luwih akèh wragade.

Kocak. 1 Kocak tandha lukak Pb = umuk pratandha kurang kapintêrane. 2 Kêbak-lubèr kocak-kacik Pb = wong owah pikire lan ndlêming, lumrahe marga kabotan ngèlmu-tuwa.

Lukak. 1 Lukak apapak Pb = wong bodho sing ambêke kaya wong pintêr, kaya bisa mapaki kapintêrane. 2 Kocak tandha lukak = Mr. Kocak.

Pacerèn. Rêsik pacerènpacêrèn. Pt = ngunèn-unèni wong sakatoge, bêbasan nganti êntèk golèk kurang amèk (têtêmbungane sing diênggo ngunèn-unèni).

Riris. 1 Riris arda Ws = udan dêrês. 2 Udan riris = arane corak bathikan. 3 Gora gêtih nêmu riris Pb = misah wong kêrêngan wasana kêtaton, marga kêtaman gêgamane sing padha kêrêngan.

Sagara. 1 Uyah kêcêmplung sagara Pb = wèwèh marang wong sugih. 2 Rupak sagarane Pb = ora gampang ngapura luputing

--- 165 ---

liyan. 3 Jêmbar sagarane Pb = sugih pangapura. 4 Ati sagara = momot-mêngku bangêt atine. 5 Disagarani Pt = disabari, dirêngkuh kalawan pangapura. 6 Sagara aestha wasa Slk = priya nyêkêl wanita kaya marang bojone dhewe. 7 Sagara wacana Slk = priya anjawat wanita (dudu bojone dhewe).

Sêndhang. 1 Sêndhang kaapit pancuran Pt = anak 3 panêngahe wadon. 2 Pancuran kaapit sêndhang Pt = anak 3 panengahe lanang.

Sindu. 1 Kali Sindu = kali Indus (ing India). 2 Sinduraja = Tirtanata. Jayadrata, Ratu ing Banakêling. 3 Sindusastra = Pujangga kang ngarang Arjunasasrabau. Sumbadralarung lsp.

Sumur. 1 Sumur lumaku tinimba Bs = wong kumudu-kudu dijaluki warah. 2 Sumur sinaba Bs = wong sing dadi jujuganing liyan kang nêdya njaluk tulung. 3 Nyumur gumuling Bs = babar-pisan ora bisa simpên wadi. 4 Sumur Jalatundha = padunungane Nagaraja kang pêputra dèwi Pratiwi (kagarwa Krêsana) lan Pratiwanggana.

Sungsung. 1 Nungsung warta Br = takon warta. 2 Nungsung guyu Br = mêthukake kanthi ulat manis (karo mèsêm). 3 Pisungsung = pawèwèh marang bangsa luhur.

Suwakan. Ngubak-ubak suwakane dhewe Pb = gawe rêrusuh ana ing laladane dhewe.

Tirta. 1 Tirta amrêta Kw = banyu wing njalari kalis ing pati. (A = ora. Mrêta = mati. Amrêta = ora mati, kalis ing pati). 2 Tirta sah saking sasana Cd = candrane mangsa Sadda (Karolas) ora ana wong kringêtên (marga bêdhidhing). 3 Tirtakandhasan Pd = nagarane Prabu Kurandhagêni (putarane asma Kartawiyoga sing ndhustha Dèwi Erawati). 4 Tirtanata Pd = Jayadrata, Arya Sindura. 5 Tirtatinalang Pd = nagarane Aswatama. 6 Tirta candra gêni raditya Slk = pangadilan sing jêjêg bangêt, ora bau-kapine; titine kaya banyu, aluse yèn ndangu kaya rêmbulan, tibane putusan kaya gêni, pariksane kaya srêngenge (raditya).

Toya. 1 Têtoya Kr = bêbuwang, ngising. 2 Atoya marta Bs = nglakoni ing saujare.

Udan. 1 Udan tangis Pt = akèh wong nangis. 2 Diudani mimis Pt = dikrutug mimis, dibêdhili. 3 Udan kêthèk (macan dhedhe) = udan, nanging srêngêngêne katon. 4 Udan sinêmèni = udan mawa swara kumrusuk nanging durung tiba, sing wis udan ing papan liya. 5 Udan woh = udan sing tlêthoke gêdhe (kêcampuran ès). 6 Udan barat = udan mawa angin.

--- 166 ---

Warih. 1 Trahing andana warih Br = turune bangsa luhur. 2 Ngangsu apikulan warih Ib = golèk ngèlmu wis alambaran ngèlmu sing arêp diwêjangake (wis sangu dhêdhasare ngèlmu iku).

XLVI. ANGIN, KEBLAT (MATA-ANGIN)

Dasanama: 1 Angin = riwut, bajra, sindhung, anila, bayu, aliwawar, tata, barat, samirana, pawana, prahara, ampuhan. 2 Ngarêp = ngarsa, ngayun, byantara. 3 Buri = wuri, pungkur, wingking, wuntat. Kering = kiwa. Kanan = têngên. Keblat: Lor = utara. Wetan = timur, purwa. Kidul = duksina. Kulon = pascima. Lor-kulon = nurwitri. Lor-wetan = narasunya. Kidul-wetan = byabya. Kidul-kulon = kaneya.

Abab. Mung abab bae = mung swara thok (tanpa kanyatan).

Angin.1Olèh angin = bisa kêtampêk angin (tumrap layangan lsp). 1 Olèh angin bêcik Pt = ana ungup-ungupe bakal tampa kabêgjan. 3 Masuk-angin = kêmbung (tumrap wêtêng). 4 Angin dharat = angin sing asale saka dharat. 5 Angin laut = angin sing asale saka sagara. 6 Samparangin = godhong turi. 7 Tanah atas-angin = tanah sing dadi tuke angin (Asia). 8 Angin silêm ing warih Slk = durjana sing ora katon sedyane ala. 9 Bisa njaring angin Pb = pintêr bangêt. 10 Kumrisik tanpa kanginan Pb = sanadyan ora ditarka, sarèhne rumangsa tumindak ala, atine ora kapenak. 11 Madu angin Pt = ngrêmbug prakara sing tanpa guna.

Bayu. 1 Tanpa bêbayu Br = lêmês tanpa kêkuwatan. 2 Bayu-bajra Kw = angin lan blêdhèg. 3 Darah bayu Pd = kang kasinungan daya bisa mangrèh lakune bayu (angin), yaiku: Bathara Bayu, Anoman, Wrêkudara, Bagawan Maenaka, Wil Jajahwrêka, Liman Situbanda, Nagakuwara lan Garudha Mahambira.

Buri. 1 Pamburi = arane punggawa desa (bêkêl). 2 Ing têmbeburi = ing besuke. 3 Obah ngarêp kobèt buri Pt = yèn sing dadi pangarêp gêlêm ada-ada (inisyatip) andhahane melu bae.

Duksina. Tan èngêt purwa-duksina Br = kantaka, kantu, kapidara, sumaput, klêngêr.

Dhuwur. 1 Wong dhuwur Et = wong apangkat gêdhe. 2 Kêmbang dhuwuran Pt = kêmbang galihan, yaiku kêmbang sing apik-apik diênggo sajèn (mawar, kanthil lsp). 3 Sing dhuwur diurugi, supaya padha karo sing êndhèk Ck = timbangan (traju, dhacinan lsp).

Hawa. 1 Hawa-nêpsu = dêrênging ati marang pêpenginan. 2 Hawa-kamurkan = pangangsa-angsa. 3 Nguja hawa = nuruti karêping [ka...]

--- 167 ---

[...rêping] ati (ala). 4 Nutupi babahan hawa sanga = kabèh pirantining pangrasa (warna 9) ora makarti.

Kiwa. 1 Papan kang kiwa Pt = panggonan sing ora adhakan, ora kêrêp diambah ing wong. 2 Rupane kiwa Pt = ora ayu (ora bagus). 3 Laku ngiwa Pt = panggawe sèdhèng (tumrap wanita). 4 Prakara iku kiwakna bae Pt = sisihna, aja kopikir.

Lor. 1 Nggutuk lor kêna kidul Pb = nyêmoni (ngunèni wong, mituturi lsp. sarana ditibakake marang wong liya). 2 Kêkarêpane ngalor-ngidul Pt = kêkarêpane ora padha (kosok-balèn).

Maruta. Katiyup maruta manda Br = kêsiliran ing angin midid, kêtaman angin silir-silir.

Ngarêp. 1 Pangarêp = pangarsa, pangayun, panggêdhe. 2 Obah ngarêp, kobèt buri = Mr. buri.

Ngarsa. Piyak ngarsa tangkêp wuri Br = ing ngarêp padha sumisih ngiwa-nêngên, ing buri tumangkêp manèh. (Para abdi ing ngarsane Sang Prabu sumisih ngiwa-nêngên, nanging banjur tumangkêp manèh ing sapêngkêre Sang Prabu, yaiku sawise Sang Prabu miyos ing papan iku).

Ngisor. Ngisor galêng dhuwur galêng Pb = sadulur saka pancêr wadon lan saka pancêr lanang.

Sisih. 1 Durung darbe sisihan Br = durung duwe bojo. 2 Prakara iku sisihna bae Pt = singkirna bae, aja kopikir. 3 Baguse tanpa sisihan = ora ana sing nimbangi. 4 Pilih-sih Pt = ora adil, ora padha pangrêngkuhe, bot-sih.

Têngah. 1 Wong satêngah Pt = edan. 2 Satêngah tuwuh Pt = satêngah umur (35-40 taun). 3 Satriya panêngah Pandhawa Ws = Janaka. 4 Nglangi ing têngah mati ing pinggir Pb = wis nggarap pagawean watara olèh saparo banjur lèrèn, ora ditêrusake. 5 Sing padu têngahana Pt = sapihên, adilana.

Têngên. 1 Papan têngên Pt = papan sing adhakan, papan sing kêrêp diambah. 2 Siswa sing kêtêngên dening Guru Pt = sing dikasihi, ditrêsani. 3 Nêngênake pangan Pt = mrêlokake bangêt marang pangan, nggêdhèkake pangan. 4 Kelangan bau têngên Pt = koncatan kanca, sadulur lsp sing gêdhe pambiyantune pagawean.

Wetan. 1 Barat wetan wijilipun Ws = angin timur. 2 Wong wetanan Pt = wong Asia, kosok-baline wong kulonan = wong Eropa, bangsa kulit putih.

Wingking. 1 Kanca wingking Pt = rabi kula (semah kula). 2 Wingking pundi pinangka, ngajêng pundi sinêdya Br = asal sampeyan ing pundi lan badhe dhatêng pundi.

--- 168 ---

XLVII. WÊKTU

Dasanama: 1 Wêktu = wayah, wanci, wêkdal, kala, mangsa, ungsum. 2 Dina = ari, wara. 3 Sasi = santun, wulan, candra. 4 Taun = warsa. 5 Awan = siyang, rina. 6 Bêngi = dalu, ratri. Arane wêktu (sajrone 24 jam). Byar jam 6. Gumatêl jam 9. Pêcat sawêt jam 10. Têngange (bêdhug) jam 12. Luhur jam 13. Lingsir kulon jam 14. Asar jam 16. Tungganggunung jam 17. Tibralayu jam 18. Sandikala jam 18. Mahrib jam 18. Bakda mahrib jam 19. Isa jam 10.30.19, 30. Bakda isa jam 20. Sirêp bocah jam 22. Sirêp wong jam 23. Bêdhug dawa (bêdhug bêngi) jam 24. Lingsir wêngi jam 1. Titiyoni jam 2. Jago bluruk sapisan jam 3. Jago kluruk kaping pindho jam 4. Bêdhug têlu (subuh) jam 4. Jago kluruk kaping têlu jam 5. Gagat raina jam 5. Saput lêbu (saput lêmah) jam 5.30.

Jaman gêdhe diarani Kali, manut buku Pranitiwakya ana 3 warna: I Kaliswara, diperang dadi jaman cilik 7: Kala Kukila, Kl. Buda, Kl. Brawa, Kl. Tirta, Kl. Rwabasara, Kl. Rwabawa, Kl. Purwa. II Kaliyuga, perang-perangane: Kl. Brata, Kl. Dwara. Kl. Dwapara, Kl. Pranti, Kl. Têtêka, Kl. Wisesa. Kl. Wisaya. III. Kalisangara, perang-perangane: Kl. Jangga, Kl. Sakti, Kl. Jaya, Kl. Bêndu, Kl. Suba, Kl. Sumbaga, Kl. Surata.

Arane windu: Kuntara, Sangara, Sancaya, Adi.

Arane taun: Alib, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.

Arane dina (Kawi): Soma, Anggara, Buda, Rêspati, Sukra, Tumpak, Dite.

Arane pasaran: (saka Pon): Palguna, Cêmêngan, Kasih, Manis, Jênar.

Ari. 1 Ari-ari = êmbing-êmbing. 2 Aribawana Pd = Ariloka, jangate Bathara Ari. 3 Bathara Ari Pd = Bathara Wisnu. 4 Arimurti Pd = Wisnu, uga asmane Krêsna. 5 Ariwarti Kw = (yayang) kabar dinan. 6 Kakang kawah adhi ari-ari = Mr. kawah.

Dina. 1 Dina bêcik = dina sing prayoga diênggo duwe gawe lsp. 2 Kalingga dina Pt = kêlêtan dina. 3 Dina gêdhe Pt = dina kang wigati, dina sing dimulyakake. 4 Dina naas Pt = dina sing disirik ora kêna diênggo ngadani pagawean wigati (mantu, ngêdêgake olah lsp). 5 Ana dina ana upa Pt = ora nguwatirake pangan, pracaya yèn sabên dina mêsthi bisa mangan. 6 Padinan = ditindakake (diênggo) sabên dina.

Jaman. 1 Jaman warna papat: Krêtayuga, Tirtayuga, Duparayuga, Kaliyuga. (Yuga = jaman). 2 Sajaman = 100 taun =

--- 169 ---

saabad. 3 Sajaman gêdhe = 1000 taun. 4 Amênangi jaman edan Pt = ngalami urip ing jaman kasusilan rusak (moril bêjad). 5 Ora njaman Pt = ora manut kaanan (ombyaking)jaman. 6 Ora jaman ora makam Pt = ora miturut kalumrahane wong akèh; uga atêgês: ora karuwan asale. 7 Lambang jaman: a) Andêrpati Kalawisesa = jaman Pajajaran, wong-wong padha wani nglabuhi agama Siwah (Kalawisesa = Bathara Siwah). b)RajapatiDewanata = jaman Majapait, sing jumênêng ratu prasasat ratuning dewa (Raja = ratu. Pati = ratu. Rajapati = ratuning ratu, ratu agung).c) Adiyati Kalawisaya = jaman Dêmak, sing jumênêng ratu prasasat pêndhita linuwih (Adi = linuwih. Yati = pêndhita. Kalawisaya = Bathara Guru).d) Kalajangga = jaman Pajang, sing jumênêng ratu karêm ulah asmara (Kalajangga = jêjuluke Bathara Asmara).e) Kalasakti = jaman Mataram, ratu lan kawulane sênêng ulah kaprajuriatan (Kalasakti = jêjuluke Bathara Wisnu). f) Kalajaya = jaman Wanakarta. Ana ngêndi dununge nagara lan ratune, durung ana wong sing ngrêti. g) Kalabêndu = durung ana sing ngrêti pralambange nagara ngêndi.

Esuk. 1 Ésuk kêdhêle sore tempe Pt = gunêm mencla-mencle. 2 Jarit esuk-sore Pt = jarit pasar-sore = jarit sing coraking bathikane kiwa-têngên (wolak-walik) ora padha. 3 Prak-esuk Pt = mèh raina.

Gêthèk. 1 Karo gêthèk = karo tugêl gêthèk Pt = karo gêthèk dina = 1½ awan. 2 Digêthèk Pt = bênêre dibêthèk, yaiku diukum diwirangake sarana kinubêngan bêthèk supaya ditonton wong akèh.

Kala. 1 Kala-kala = ing wêktu kang ora ajêg. 2 Kalabêndu = jaman kang pakrabawan Bathara Kala, wong-wong padha rusak kasusilane. 3 Kalabêndu sêmune Sêmarang lan Têmbayat Pl = pralambange P. Dipanagara nalika madêg suraning panggalihe lan nglawan panguwasane kompêni. (Sêmarang ngibarat kompêni, Têmbayat ngibarat P. Dipanagara). 4 Kalajangga Pl = pralambange jaman Pajang, Ratu (JakaTingkir) sanayakane padha nggêdhèkake ulah asmara. (Kalajangga iku jêjuluke Bathara Asmara). 5 Kalasakti Pl = pralambange jaman Mataram, Ratu sakawulane padha sênêng ulah kaprajuritan. (Kalasakti iku jêjuluke Bathara Wisnu, Dewa awatak prajurit, sênêng mêmayu ayuning bawana). 6 Kalanadhah Pd = kêrise Arjuna, asale saka siyunge Bathara Kala dicabut dening Bathara Guru lan disabdakake dadi kêris. 7 Kaladite Pd = kêrise adipati Karna. 8 Kalapracana Pd = Ratu Gilingwêsi [Giling...]

--- 170 ---

[...wêsi] kang seda dening Gathutkaca; patihe aran Kasipu uga seda dening Gathutkaca (Lakon laire Gathutkaca). 9 Amurwakala Pd = lakon wayang sing lumrah diênggo ngruwat bocah ontang-anting, kêmbangsapasang, ugêr-ugêr lawang lsp. 10. Candrasangkala Kss = kala (sangkalan) sing pangetunge manut lakune rêmbulan (candra). 11 Suryasangkala Kss = kala (sangkalan) sing pangetunge manut lakune surya. 12 Sandya-kala = sandi-kala = kala (wêktu) sing nggandhèng wêktu awan karo bêngi, yaiku wêktu rêpêt-rêpêt. 13 Nggugat kala Pt = sêmpurnane kudu: nggugat kala samana = nggugat prakara sing wis kêpungkur. 14 Ngudang siyunge Bathara Kala Pb = nantang sudukan (nganggo kêris).

Mangsa. 1 Angon mangsa Pt = angon kosok = kosok = nangguh wêktu kang prayoga. 2 Mangsa pailan Pt = mangsa pacêklik, larang pangan. 3 Mangsa pagêblug = mangsa akèh wong mati. 4 Mangsa labuh = ngarêpake rêndhêng (wiwit ana udan, mangsane wiwit nggarap sawah). 5 Mangsa rêndhêng = mangsa akèh udan. 6 Mangsa marèng = ngarêpake mangsa kêtiga. 7 Mangsa kêtiga = mangsa têrang, ora ana udan. 8 Mangsa borong = mangsa bodhoa, dakpasrahake (marang kowe), aku ora mèlu-mèlu. 9 Mangsa gêlêma = mokal yèn gêlêm. 10 Mangsa-tara = mangsa ora ana udan sajrone rêndhêng. 11 Madumangsa = arane panganan. 12 Mangsa warna rolas (umure, tanggale lan candrane).

I Kasa (Kartika) 41 dina, 21/22 Juni: Sotya murca saking êmbanan (wit padha brindhil).

II Karo (Pusa) 23 dina, 1/2 Agustus: Bantala rêngka (lêmah nêla).

III Katêlu (Manggasri) 24 dina, 24/25 Agustus: Suta manut ing bapa (Wit gadhung mrambat).

IV Kapat (Sitra) 25 dina, 17/18 Sèptèmbêr: Waspa kumêmbêng jroning kalbu (tuk pipet).

V Kalima (Manggakala) 27 dina, 12/13 Oktober: Pancuran mas sumawur ing jagad (wiwit ana udan gêdhe).

VI Kanêm (Naya) 43 dina, 8/9 Nopèmbêr: Rasa mulyakasucian (akèh woh-wohwn).

VII Kapitu (Palguna) 43 dina, 21/22 Desèmbêr: Wisa kentar ing maruta (akèh lêlara).

VIII Kawolu (Wisaka) 26/27 Pebruari: Anjrah jroning kayun (akèh kucing gandhik).

IX Kasanga (Jita) 25 dina, 29 Pebruari / 2 Maret: Wêdhare wacana mulya (gangsir ngênthir).

--- 171 ---

X Kasapuluh (Srawana) 24 dina, 25/26 Marêt: Gêdhong minêb jroning kalbu (manuk ngêndhog).

XI Kasawêlas (Dhêstha, Padrawana) 23 dina, 18/19April: Sotya sinarawèdi (manuk ngloloh). XII Karolas (Saddha, Asuji) 41 dina, 11/12 Mèi: Tirta sah saking sasana (ora ana wong kringêtên, mangsa bêdhidhing).

Carane nitèni (ngetung) mangsa: Yèn sasine luwih saka 6 kudu dilong 6; yèn kurang saka 6 kudu diwuwuhi 6. Tuladha: sasi 1 (Januari) + 6 = 7; dadi sasi Januari tiba mangsa Kapitu. Sasi 11 (Nopèmbêr) - 6 = 5; dadi sasi Nopèmbêr mangsa Kalima.

Naas. Sing dianggêp dina Naas warna têlu: 1 Dina (tanggal) patine wong tuwane dhewe lan maratuwa. 2 Patine sasi lan patine taun (wêkasane). 3 Naas Nabi, yaiku: 13 Sura, Nabi Ibrahim diobong Raja Namrud. 3 Mulud, N. Adam diturunake saka swarga. 16 Rabingulakir, N. Yusup dicêmplungake sumur. 5 Jumadilawal, N. Nuh kinêlêm samodra. 21 Pasa, N. Musa pêrang karo Raja Pirngon. 24 dulkangidah, N. Yunus diuntal iwak. 25 Bêsar, N. Muhammad singidan ing guwa.

Sasi.Arane sasi Jawa: 1 Sura (Muharam), 2 Sapar, 3 Rabingulawal (Mulud), 34. Rabingulakir (Bakda-mulud), 5 Jumadilawal, 6 Jumadilakir, 7 Rêjêb, 8 Ruwah (Syaban),9. Pasa (Ramêlan), 10 Sawal, 11Dulkangidah (Apit, Sêla), 12 Bêsar, (Dulhaji, Dulkijah). Sing umure 30 dina: Sura Rabingulawal, Jumadilawal, Rêjêb, Pasa, Dulkangidah. Sing umure 29 dina: Sapar, Rabingulakir, Ruwah, Sawal. Umure sasi Bêsar ing taun wuntu 30 dina, ing taun wastu 29 dina.

Taun. 1 Edan taun = edan kumat-kumatan, sataun sapisan. 2 Taun wuntu = taun dawa. 3 Taun wuntu Jawa = taun kang umure 355 dina, yaiku taun Jimakir. 4 Taun wuntu Masèhi = 366 dina, yaiku yèn cacahe taun cèplês dipara 4, nanging ora cèplês dipara 400, Pêbruari umure 29 dina. 5 Taun Jawa = 354 dina, yaiku Alip. Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu; dadi mung Jimakir thok sing taun wuntu. 6 Taun wastu Masèhi = 365 dina, Pebruari umure 28 dina. 7 Tanggale taun Jawa yaiku: Sura, biyèn manut Aboge, saiki Asapon: Alip-Slasa Pon, Ehe-Sêtu Paing, Jimawal-Kêmis Paing, Wawu-Ngahad Wage, Jimakir-Kêmis Pon.

Tumbuk. 1 Mangsa tumbuk = mangsa plêthèking srêngenge ana ing wetan bênêr (ing sadhuwure bênêr garis kêndhiting jagad utawa Katulistiwa). 2 Tumbuk-taun utawa tumbuk-cilik =

--- 172 ---

wêtonan (kalairan) umur sawindu (8 taun): arane dina, pasaran, tanggale, sasi Jawa lan taune tumbuk. (Tumbuk = gathuk). 3 Tumbuk-pawukon = wêtonan umur 16 taun: arane dina, pasaran, tanggale, sasi Jawa, taune, paringkêlane lan pawukone tumbuk. 4 Tumbuk-windu utawa tumbuk-gêdhe = 32 taun: arane dina, pasaran, tanggale, sasine Jawa, taune, paringkêlane, pawukone lan windune tumbuk (gathuk, padha karo nalika laire saka guwa-garba). 5 Gajah tumbuk kancil mati ing têngah = sing apasulayan wong gêdhe, sing cilaka wong apangkat cilik (upamane carik). 6 Kêtumbuk bêntus = ngalami ora kapenak luwih saka sawarna.

Wara. 1 Pancawara = dina lima: Palguna, Cêmêngan, Kasih, Manis, Jênar. 2 Sadwara = dina nênêm utawa Paringkêlan: Tungle, Aryang, Warukung, Paningron, Uwas, Mawulu. 3 Saptawara = dina pitu: Soma, Anggara, Buda, Rêspati, Sukra, Tumpak, Dite. 4 Asthawara = dina wolu utawa Kadewan: Sri, Endra, Guru, Yama, Lodra, Brama, Kala, Uma. 5 Sangawara = dina sanga utawa Padangon: Dangu, Jagur, Gigis, Kerangan, Nohan, Wogan, Tulus, Wurung, dadi.

Warsa. 1 Anirna warsa Slk = nanduri palêmahan liyan, barêng wis mèh panèn palêmahan mau dijabêl dening sing duwe (satandurane). 2 Kalingga warsa Pb = prakara sing wis kêlêtan taun. 3 Kadalu-warsa Pt = kasèp, lungse. 4 Tanggap warsa Pt = têgêse lugu: tampa taun, maksude: ngurmati tumapake taun anyar, tanggal 1 Sura utawa 1 Januari.

Wêktu. 1 Nglakoni 5 wêktu Pt = nindakake sêmbahyang (agama Islam). 2 Arane wêktu (sajrone sadina-sawêngi): Byar jam 6. Gumatêl jam 6 (panase surya nggatêli). Pêcat-sawêt utawa wisan-gawe jam 10-11. Têngange (têngah + ing + we = têngahe awan, bêdhug) jam 12. Luhur jam 13. Lingsir kulon jam 14. Asar jam 16. Asar-êndhèk jam 17. Tunggang-gunung (srêngenge mbênêri ana ing puncake gunung) jam 17. Mahrib jam 18. Sandikala (sandya-kala) jam 18. Isa jam 20. Sirêp bocah jam 21. Sirêp wong (sirêp-jalma) jam 23. Bêdhug dawa (bêdhug bêngi) jam 24. Lingsir-wêngi jam 1. Titiyoni jam 2. Jago kluruk (sapisan jam 3, kapindho jam 4, katêlu jam 5).

Windu. 1 Windu warna papat: 1 Kunthara, 2 Sêngara, 3 Sancaka, 4 Adi. Saiki windu Adi, wiwite 1 Sura taun Alip 1899 wêkasane 30 Bêsar taun Jimakir 1906. 2 Kala siraman ing banyu windu Pp = ayêm, anyês atine. (Windu = banyu), 3 Ora mindu ora ngrêmpêlu = ora kandha babar-pisan.

--- 173 ---

Wuku. 1 Wuku 30 (Prabu Watugunung Ratu Gilingwêsi + garwane 2 + putrane 27), yaikui: 1 Sinta, 2 Landêp, 3 Wukir, 4 Kuranthil, 5 Tolu, 6 Gumbrêg, 7 Warigalit, 8 Warigagung, 9 Julungwangi, 10 Sungsang, 11 Galungan, 12 Kuningan, 13 Langkir, 14 Mandhasiya, 15 Julungpujud, 16 Pahang, 17 Kuruwêlud, 18 Marakèh, 19 Tambir, 20 Mêdhangkungan, 21 Maktal, 22 Wuye, 23 Manail, 24 Prangbakat, 25 Bala, 26 Wugu, 27 Wayang, 28 Kulawu, 29 Dhukut, 30 Watugunung. 2 Uyah sawuku = padha gêdhene karo wuku (wiji kapas). 3 Timun wuku gotong wolu = Mr. timun.

XLVIII. WILANGAN

Kawi 1 têkan 10: eka,dwi. tri, catur, panca, sad, sapta, astha, nawa, dasa. Wêlasan: ekadasa, dwidasa, triyodasa, caturdasa, pancadasa, saddasa, saptadasa, asthadasa, nawadasa. Puluhan: dasa, wingsati, (wimsati, wisati), trinisat (triningsat), catwaringsat, pancasat, sasti, saptali, asiti, nawati. Atusan: sata, dwisata, trisata, catursata, pancasata, sadsata, saptasata, asthasata, nawasata. Ewon: sahasra, dwisahasra, trisahasra, lan sabanjure.

Pêpangkatan (kapisan têkan kasapuluh): pratama, dwitiya, tritiya, caturta, pancama, sastha, saptama, asthama, nawama. dasama.

Wiwit sèwu mundhak das siji-siji: sèwu, salêksa, sakêthi, sayuta, sawêndra, sabara, sagulma, sacamu, sawurda, sakirna.

Têngah, bêlah lsp.: Karo-têngah = lorone karo satêngah = 1½. Têlu-têngah = têlune karo satêngah = 2½. Kapat-têngah atus = kapatbêlah = 350. Klima-bêlah = 450. Klima-bêlah èwu = 4500. Kanêm-têngah èwu = 5500. Samas = 400. Dhomas = 800. Saêprah = salaweprah = 24. Salawe (bêntêt) = 25. Bèhji = 31, bèhro = 32 lan sabanjure têkan bèh sanga = 39. Kapatsasur 35, klimasasur 45, lan sabanjure têkan kasapuluhsasur = 95.

Dhuwit: Sasêmat = sakêton = saringgit. Sareyal = 2 rupiyah. Sarispis = srupiyah. Sagelo = sarupiyah-abang = 10 wang = 20 tèng = 100 dhuwit. Karo-tèng = satêmêne atêgês: sauwang punjul saêtèng = 15 dhuwit, kira-kira 12½ sèn. Saêton = 100.000 rupiyah.

Palêmahan: 1 karya = 1 jung = 2 kikil = 4 bau = 8 lupit = 16 iring = 32 idu = 64 kêcrit = 2000 ubin (cêngkal-pêsagi, ru-pêsagi) = kira-kira 28.000 m2.

--- 174 ---

Pari: 1 uwa = 1 amêt = 5 angga = 25 gèdhèng = 50 pocong. Bobot: 1 dhacin = 100 kati = 1.600 tail = 16.000 ci = 16.000 mata = 62.500 gram. 1 koyan = 30 dhacin.

Atêgês siji, sasisih, saperangan:, cangkir sasêle (tanpa lambaran), gula (gêdhang) salirang. Krambil salayan (½ pikul), Krambil sagluntung, bawang sabungkul, bawang sasiyung, jêruk sasiyung (saajar), durèn sajuring, durèn sapongge, nangka sanyamplung, mori sakêbar, ênjêt sapapon, ênjêt sadulit, duk sakakap, jae sarimpang, uyah sabata, uyah sakèrèk, uyah sawuku, gambir sakèrèk, jagung sajanggêl, pari sawuli (sarungge), pari sajatha, pête sakêris, pête samata, klobot saontong, gêdhang saulêr, dluwang salêmbar, têbu (pring) salonjor, bêras saêlas, têmbako sadhêlêg (satampang), têmbako saêmplek, gêndèr sarancak.

Atêgês sapisan: sakêthokan, sakêpyakan, sagêdhagan, saêndhêgan, sakêmpyangan.

Atêgês loro: gula (gêdhang) satangkêp, krambil sakanthèt, gêlang sapasang, kêbo sarakit, pelas sagandhok, pari sagèdhèng, dara sajodho, pangantèn sarimbit, gandhèk sakêmbaran.

Atêgês sagolongan: Carita wayang salakon = 7 jêjêran, yaiku: jêjêr Kawitan, jêjêr Sabrangan, jêjêr Bondhèt, jêjêr Pandhita (gara-gara), jêjêr Uluk-uluk, jêjêr Sumirat, jêjêr Rina-rina. Krêtu (cilik) salakon = 120. Krêtu gêdhe salakon = 52. Domino salakon = 28. Panah salakon = 4. Piring (gêlas lsp) salusin = 12. Jarit sakodhi = 20. Grip saêdhus = 100. Pèn saêgros = 144. Krêtas saêrim = 500 lêmbar. Krambil sajanjang = sawatara gluntung. Gêdhang saèpèk = sawatara ulêr. Gêdhang satundhun = sawatara èpèk. Pring sadhapur = sawatara lonjor. Têbu sauyun = sawatara lonjor. Kêmbang sadhompol = sawatara iji. Mrêcon sarèntèng = nganti puluhan. Iwak sasêndhatan = nganti puluhan.

Atêgês kabèh: sakojur, saranduning. Sagunging, salwiring, sanggyaning, sakabèhe. Samubarang, samukawis, saniskara. Salumahe bumi, sakurêbing langit.

Wilangan sing diênggo mbangêtake surasa: Gêdhang-sèwu. Diyan-sèwu lsp = diênggo mbangêtake kèhe (ora nganti ganêp sèwu têmênan). Sukur bage sèwu = luwih dening sukur. Sèwu bêgja = bêgja bangêt. Sèwu ora nyana = babar-pisan ora nyana. Sakêthi jumurung = jumurung bangêt. Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri = kroyokên sing akèh (aku). Sèwu lêpat nyuwun pangapuntên = sakathahing lêpat mugi karsaa paring pangaksama.

Atêgês cilik bangêt, sadhela bangêt: Sarambut pinara pitu.

--- 175 ---

Samêndhang. Saluguting kolang-kaling pinara sasra. Saêndhêg amun-amun. Sasiliring bawang. Sadrahing angin. Sakedhèp netra. Sapandurat. Sapangu. Satleraman. Sakêplasan. Sagêbyaran. Sagêbyaring thathit. Samatra. Sapanginang. Yèn nginanga durung abang, idua durung asat. Saêlapan. Saêlêsan. Samrica binubut = lêmbut bangêt, cilik bangêt.

Minum 1 têkan 10 sloki (candra): Eka padma sari. Dwi amartani. Tri kawula busana. Catur wanara rukêm. Panca sura panggah. Sad guna wêweka. Sapta kukila warsa. Astha sacara-cara. Nawa gra lupa. Dasa buta mati.

Wilangane prajurit: aksohini = 10 anihini = 30 camu = 90 prêtana = 270 wahini = 810 gana = 2.430 gulma = 7.290 senamuka = 21.870 pati = iku kadadean saka kumpule prajurit 109.350 + jaran 65.610 + kreta 21.870 + gajah 21.870. Baratayuda, balane Pandhawa 7 aksohini. Kurawa 11 aksohini.

XLIX. LÊLÊMBUT, LÊLARA, TAMBA

Dasanama: 1 Lara = sakit, roga, agring, marana, rapuh, gêrah, wikara. 2 Waras = saras, mari, waluya, dhangan, pulih, purna, paripurna. 3 Slamêt = sugêng, basuki, rahayu, raharja, yuwana, swasta. 4 Tatu = kanin, brana, labêt. 5 Wudunên = Ki: untarên. 6 Watuk = Ki:cêkoh. 7 Tamba = usada, jamu, mausada, mausadi, jampi. 8 Cêkok = Ki:loloh. 9 Pilis = Ki:larik (sigitan). 10 Tapêl = Ki:rakêtan. 11 Wêdhak = Ki:konyoh. 12 Pupur = Ki:tasik. 13 Sêmaput = klêngêr, kantu, kantaka, kapidara, tan èngêt purwa-duksina.

Kang kalêbu lêlêmbut: 1 Setan = bêlis, lanat (laknat). 2 Jim = lêlêmbut sing darbe bêbudèn kaya manusa. 3 Pêri = lêlêmbut wadon ayu. 4 Dhêmit = lêlêmbut manggon ing papan angkêr. 5 Lampor = lêlêmbut sok ngaton wayah awan lan sok ngêjaki bocah. 6 Cèpèt = lêlêmbut sok ngaton wayah sore lan sok ngêjaki bocah. 7 Bêkasakan = brêkasakan = lêlêmbut ing alas. 8 TongthongsotThongthongsot. = lêlêmbut sok katon mlangkrong ing wit. 9 Banaspati = lêlêmbut awujud sirah thok sok katon tumèmplèk ing wit. 10 Gêndruwo = lêlêmbut yèn katon awujud rasêksa. 11 Wêwê = gêndruwo wadon. 12 Dhanyang = lêlêmbut sing manggon lan nguwasani panggonan. 13 Kêmamang = yèn katon awujud gêni mêngangah. 14 Wêdhon = mêmêdi awujud mayit.

Bêlis. Bojlèng-bojlèng bêlis lanat ajêjegang Pd = têmbung (ukara) sabawa, diucapake samangsa sumurup utawa krungu lêlakon sing ora agawe sênênging ati.

Dhêmit. Dhêdhêmitan = sêsingidan, ora ngêdhèng. 2 Dhêmit ora ndulit, setan ora doyan Pt = kalis saka pangganggu-gawe lêlêmbut, satêmah sanadyan kurang wêweka tansah nêmu slamêt.

--- 176 ---

Jamu. Mutah jamune pepe Bs = priya sing ilang daya-prabawane, kasêktène lsp.

Lara. 1 Lara ayu Pt = lara cacar. 2 Lara brangta = lara asmara. 3 Lara ati = sêrik. 4 Nguyang lara nggenjah pati Pb = njarag nêmu cilaka. 5 Nglarani = krasa lara ngarêpake nglairake bayi.6 Nglakoni lara-lapa Pt = nglakoni urip ora kapenak. 7 Lara atèn = gampang sêrik. 8 Lara uyang = krasa prungsang awake. 9 Lara-sêtu = bangsa sukêt sing oyode wangi. 10 Lara-irêng = candu. 11 Dèwi Lara Irêng Pd = Rara Irêng = Sumbadra. 12 Lara karuna = nangis kêranta-ranta. 13 Palara-lara = para nyai ing kraton sing isih kênya. 14 Utang wirang nyaur wirang, utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati Pt = wong manggawe marang liyan mêsthi bakal tampa wêwalês. 15 Lêlara iku panulake luwih gampang sarana panjaga tinimbang sarana têtamba Pt = luwih gampang njaga aja nganti kêtaman lêlara tinimbang ngilangake lêlara kang wis tumanduk ing awak (mulane kudu ngati-ati uripe). 16 Lara asmara = nandhang brangta, kayungyun, kêpencut, gandrung. Aja sing mung lara, tumêka ing pati daklakoni Pt = tekad kang wis kêncêng.

Lêmbut. 1 Lêmbut tan kêna jinumput = alus bangêt. 2 Sagêd dados agal saklangkung agêng, lêmbat botên kasatmripat = sagêd tiwikrama lan sagêd ngical.

Pilis. Ora kêna wong pilis Pt = priya sing awatak thukmis.

Pupuk. 1 Pupuk bawang = melu dolanan nanging ora diwajibake melu dadi. 2 Durung ilang pupuk lêmpuyange Pb = dipadhakake isih bocah cilik, marga durung duwe pangalaman. 3 Wrêkudara ngagêm pupuk-mas rineka jaroting asêm Pd = mas barang pangaji, pêpindhane ajine bêbudène Wrêkudara sing luhur; jarot-asêm iku sêntosa, ngibarat sêntosaning panggalihe Wrêkudara.

Purna. Purna waluya jati Br = pulih kaya kaanane ing sakawit, mari.

Sêmbur. 1 Luput sêmbur Pb = luput suwuk = ora kêna dipênggak kêkarêpane (ala). 2 Ora uwur ora sêmbur Pb = ora mènèhi pawitaning urip lan ora awèh pituduh bab laku-lakuning aurip. 3 Sêmbur-sêmbur adas siram-siram bayêm Pb = saka pujine wong akèh muga-muga bisa katêmahan (kabul kang sinêdya). 4 Timaha sêmbur = timaha sing mawa plênik-plênik irêng kaya disêmburake; yèn timaha pèlèt mawi kêkêmbangan irêng dlarèh-dlarèh.

Setan. 1 Setan katon Bs = wong sing awatak ala. 2 Nganggur iku

--- 177 ---

susuhe setan Pt = nganggur iku nggampangake tuwuhe kêkarêpan sing kurang prayoga. 3 Setan nunggang gajah Bs = mung murih kapenake dhewe (ora mraduli marang liyan). 4 Setan nggawa ting Bs = sênêng adu-adu. 5 Dibisa ngunjara setan Pt = sing bisa ngalahake hawa-napsu ala. 6 Wulu-setan Pt = wulu sing dununge manjila, nylênèh thukule.

Tamba. 1Tamba têka lara lunga Pt = unèn-unèn sing lumrah diucapake dening wong sing nêdya namakake tamba. 2 Madal tamba Pt = ora ana tamba sing bisa agawe warase.

Tapêl. 1 Isih mambu tapêl = isih nom bangêt. 2 Tapêl tracak = wêsi sing dirakêtake (jaran lsp). 3 Tapêl-watês = watêsing wêwêngkon (nagara).

Tatu. 1 Milang tatu Pb = ngetung lan nggêtuni kapitunane. 2 Tatu arang kranjang Sn = kêrêp bangêt, akèh bangêt tatune.

Cêkok. 1 Dicêkoki indhing Pb = priya kalah prabawa karo wanita (bojone), mung tansah manut-miturut ing sakarêping bojone. 2 Cêkokan = mondholaning ikêt.

Cuplak. Cuplak andhêng-andhêng ora prênah panggonane Bs = sadulur (kanca) sing njalari ala prayoga disingkirake.

Usada. 1 Maosada Kw = maha + usada = tamba sing mustajab bangêt. 2 Dhoktêr Wahidin Sudirahusada Bb = dhoktêr sing ngêdêgake Parte Pulitik aran Budi-Utama ing taun 1908.

Wêdhon. 1 Banyu wedhon Pt = banyu sing diênggo ngêdusi mayit. 2 Ana wedhon saka kulon Pl = wong kulit-putih têka ing tanah Jawa, bangsa kulonan (Landa) ngajawa (Jangka Ranggawarsitan).

Wewe. Rusake tanah Jawa kambah dening wewe putih, têbu-wulung gêgamannya Pl = rusake tanah Jawa marga kêtêkan bangsa kulonan mawa gêgaman bêdhil (Jangka Sabdapalon).

L. ILANG, MATI, BANGKE

Dasanama: 1 Ilang = sirna, nir, nis, murca, muksa, musna. 2 Mati = lalis, lampus, layon, lena, pralaya, palastra, antaka, ngêmasi, seda, surud, padhêm, murud ing kasidan jati, kondur dhatêng têpêt suci, mancal donya, sirna marga layu. 3 Bangke = wangke, pratipa, sawa, kunarpa, kuwanda, bathang, mayit, layon. 4 Rampung = paripurna, palakarta, palêstha, pulastha, labdakarya, iti,titi. ttmat,tamat. katam. 5 Wêkasan = pungkasan, wasana, puwara.

Bathang. 1 Bathang gajah Bs = wong gêdhe sing wis ilang panguwasane. 2 Bathang lêlaku Bs = wong siji lêlungan ngambah dalan mbêbayani (ana begale lsp). 3 Bathang ucap-ucap Bs = wong loro lêlungan ngambah dalan mbêbayani. 4 Mbathang =

--- 178 ---

nglangi mlumah. 5 Nyundhang bathang banthèng Pb = njunjung darahing aluhur sing wis apês.

Entèk. 1 Entèk jarake Pb = êntèk kasugihane. 2 Entèk golèk kurang amèk Pt = ngunèn-unèni wong ing sakatoge. 3 (Bayare) êntèk dhadhah êntèk ngomah Pt = ora diturahake, ora duwe simpênan (cèlèngan). 4 Entèk-êntèkan = rêsik, êntèk babar-pisan (tumrap kêmalingan lsp).

Ilang. 1 Ilang klilipe Et = ilang mungsuhe. 2 Kaya ilang dikêdhèpake Br = nyawang tanpa kêdhèp, sabab yèn kêdhèp kuwatir manawa sing disawang ilang utawa lunga (ing sajrone ditinggal kêdhèp). 3 Ilang-ilangan êndhog siji Pb = tekad-tekadan kelangan anak siji ora dadi apa (yèn kowe ora gêlêm manut aku). 4 kêbo ilang tombok kandhang = Mr. kêbo. 5 Sirna ilang kartaning bumi Skl = 1400 çaka, yaiku sêngkalan rusake kraton Majapait. 6 Durung ilang pupuk lêmpuyange = dipêpindhakake isih. bocah cilik

Layon. 1 Nglayoni = ngabari bab kêsripahan. Uga têgês: lêlayu nututi. Entar: nêbus barang wis mèh bur. 2 Layon kèli sêmune satriya brangta Pl = pralambange S. Mangkurat II sadurunge jumênêng Ratu ndhèrèkake ingkang rama (Mangkurat Têgalarum lolos saka kraton). 3 Dasihmu tan wurung layon = abdimu (aku) mêsthi tumêka ing pati. Kirimên layoning sêkar = kirimên kêmbang sing wis alum, maksude: kêmbang sing wis suwe ko-ênggo cundhuk gêlunganmu.

Lalis. 1 Linalisan Kw = dipatèni. 2 Wêlas têmahan lalis Pb = wêlas marang liyan sing agawe ora bêcike.

Lena. 1 Yuwana mati lena Pb = wong bêcik nêmu cilaka, marga saka kurang wêweka. 2 Yatna yuwana lena kêna Pb = wêweka njalari slamêt, pêpeka agawe cilaka.

Mayit. 1 Gotong mayit Pb = wong têlu lêlungan ngambah dalan mbêbayani. 2 Kayu buntêl mayit Pt = kayu sing ana tilasing klokopan klika awarna putih. 3 Prêkutut buntêl mayit Pt = prêkutut sing mawa wulu sêlap putih. 4 (Jaran) mathi buntêlmayit = mawa unyêng-unyêng muwêl dumunung ing suri.

Nir. 1 Nirbita Pd = putrane Srikandhi nalika malih priya têmênan asma Bambang Kandhihawa lan nggarwa Dèwi Durniti putrane Prabu Dike ing Imaimantaka; pamburine Nirbita jumênêng Ratu asma Niwatakawaca (seda dening Bagawan Ciptaning). 2 Nir tan rupa kadulu Skl = (wêkasane jangka Ranggawarsitan) taun 2100. (Têgêse ukarane: ora ana rêrupan kang pantês didêlêng, ora ana kaanan sing nyênêngake). 3 Tlaga Nirmala Pd = arane tlaga ing Ayodya kang kadadean [kadade...]

--- 179 ---

[...an] saka baboning cupu sing dibuwang dening Rêsi Gotama (dene tutupe cupu dadi tlaga Sumala, sing njalari Dèwi Anjani, Subali lan Sugriwa padha awarna wanara). 4 Ngamuk punggung nirbaya nirwikara Br = ngamuk kanthi nekad bangêt ora wêdi apa-apa.

Pati. 1 Pati-gêni = tirakat tanpa mangan-ngombe lan ana ing kamar bae (ora sumurup soroting gêni lan srêngenge). 2 Duwe gawe pati-gêni Pt = tanpa karamean, climèn. 3 Diêdol pati-bogor = diêdol pas, ora kêna ditêbus. 4 Mbayar pati-gawe = mbayar dhuwit minangka lêlirune nyambut-gawe gugur-gunung. 5 Turu kêpati = pulês bangêt. 6 Ora pati-pati mulih yèn durung olèh gawe = ora nêdya mulih yèn durung kalêksanan sêdyane. 7 Dipati-rasa = diilangake rasane (tumrap wong arêp dibêdhèl lan sapapadhane). 8 Patine taun = dina wêkasane taun. 9 Patine cinèkèr ayam Pl = kraman aran Dirana kêna dicêkêl banjur dicancang ing wit wringin alun-alun Kartasura, wasana tumêka ing pati marga dicocogi nganggo dom. 10 Masrahake pati-urip = nungkul, têluk, nêdya diuripi apa dipatèni manut bae. 11 Andêrpati kalawisesa Pl = pralambange jaman Pajajaran, wong-wong padha mungkul marang agama Siwah. (Kalawisesa = Bathara Siwah, Bathara Guru). 12 Kêpatèn pasaban Pb = kelangan papan pangupajiwa. 13 Kêpatèn obor Pb = kelangan lacak aluraning sadulur. 14 Ciri wanci lêlahi ginawa mati Pb = padatan ala (cacad) ora bisa ilang nganti wonge tumêka ing pati. (Ciri = wanci = lêlahi = cacad). 15 Nrênggiling api mati Pb = api-api ora mraduli, nanging satêmêne nggatèkake bangêt. 16 Nglangi ing têngah mati ing pinggir Pb = wis tumindak nggarap pagawean, nanging banjur ora ditêrusake. 17 Mati ilate Et = ora bisa ngrasakake pangan. 18 Wêdi wirang wani mati Pb = tinimbang urip nandhang wirang aluwung tumêka ing pati. 19 Têkèk mati ulone Bs = cilaka marga saka gunême dhewe. 20 Tinimbang mati mringkus luwih bêcik mati mbrêgagah Pt = tinimbang nungkul marang mungsuh ora wurung tumêka ing pati (dipatèni utawa mati marga ngênês disiya-siya) aluwung mati lumawan ing pêrang. 21 Mati ngurag Pt = mati sawise tuwa bangêt. 22 Mati pangane Pt = ilang pangane. 23 Mati ngadêg Pt = mati isih nggêjêjêr (marga saking wêdine marang mungsuh, utawa wêdi marang dêdukane ratu lsp). 24 Nyambut gawe nganti satêngah mati Pt = rêkasa bangêt (pagawean abot lan tanpa ngaso). 25 Radèn Trigantalpati Pd = Aria Suman, Sêngkuni. 26 Untung Surapati = anake angkat kaptin Mur sing pamburine dadi bupati

--- 180 ---

Pasuruhan asma Tumênggung Wiranagara. 27 Pati Unus = putrane Sultan Trênggana.

Pêjah. Nggayuh tawang pêjah tan wikara Slk = nêdya nyêkêl durjana, wasana tumêka ing pati dening durjana sing arêp dicêkêl.

Sirna. 1 Sirna ilang kartaning bumi Skl = taun Saka 1400 (Masèhi 1478, rusake kraton Majapait). 2 Anirna Dhustha Pb = asung pitulungan marang durjana (murih ora kêcêkêl pulisi). 3 Anirna parusa (parosa) Pb = mbalèkake dhawuhe ratu utawa pangadilan. 4 Anirna patra Pb = nyelaki prajanjian kang tinulis. 5 Anirna lingga Pb = namur laku ana ing papane durjana prêlu nêdya ngingsêp-ingsêp pawarta (golèk katrangan). 6 Anirna daya Pb = prakaran alendhean wong sing wis mati (dadi tanpa daya). 7 Anirna pandaya Pb = prakaran alendhean wong lunga, pêpindhane kaya wong kelangan piranti. (Pandaya = piranti).

Tamat

--- 181 ---

DAFTAR TÊMBUNG LAN KACANE

Abad ... 166. | Abah ... 104. | Abang ... 161. | Adas ... 136. | Adêg ... 66. | Ajang ... 104. | Ajar ... 12. | Aji ... 14. | Aji-aji ... 112. | Agar ... 158. | Ayam ... 122. | Akal ... 80. | Akasa ... 156. | Alang ... 136. | Alas ... 148. | Aling2 ... 104. | Alis ... 75. | Alu ... 107. | Ambêkan ... 52 | Ambu ... 52. | Amis ... 53. | Among ... 27. | Amun ... 156. | Anak ... 34. | Andaka ... 122. | Ardhêman ... 59. | Angêt ... 158. | Angga ... 41. | Angin ... 166. | Angop ... 55. | Angsa ... 80. | Anguk ... 48. | Angun2 ... 122. | Anculan ... 107. | Antop ... 55. | Apus ... 107. | Aras ... 53. | Arèn ... 136. | Arêng ... 158. | Ari ... 168. | Arit ... 107. | Arum ... 53. | Asêm ... 137. | Asu ... 122. | Asta ... 161. | Astra ... 112. | Ati ... 80. | Athi2 ... 76. | Acung ... 62. | Atma ... 10. | Atur ... 86. | Awak ... 41. | Awar2 ... 137. | Awe ... 62. | Babal ... 143. | Badan ... 41. | Badra ... 156. | Bajul ... 122. | Bagaspati ... 156. | Baya ... 123. | Bayêm ... 143. | Bayu ... 166. | Bala ... 23. | Baladewa ... 118. | Balang ... 112. | Bale ... 101. | Balung ... 78. | Banda ... 62. | Banjir ... 163. | Bane (Banèn) ... 86. | Banyak ... 123. | Banyu ... 163. | Bantal ... 104. | Bantala ... 149. | Banthèng ... 123. | Bapa ... 34. | Bapang ... 62. | Bara ... 107. | Barata ... 12. | Baris ... 23. | Bata ... 149. | Bathang ... 177. | Bathara ... 8. | Batin ... 81. | Bacin ... 53. | Bathok ... 143. | Bathuk ... 44. | Bau ... 62. | Bawa ... 86. | Bawang ... 137. | Bêbêd ... 96. | Bèbèk ... 123. | Bêdhug ... 118. | Bêgagah ... 66. | Bêlis ... 175. | Bêlo ... 123. | Bêluk ... 123. | Bêndhe ... 118. | Bêras ... 143. | Bêruk ... 104. | Bêsêm ... 158. | Bêsus ... 96. | Bêton ... 143. | Bima ... 118. | Bisik ... 87. | Blabur ... 163. | Blero ... 118. | Blolok ... 48. | Boja ... 91. | Bojana ... 92. | Boga ... 92. | Bokong ... 59. | Bol ... 84. | Bobot ... 73. | Bolu ... 137. | Bocah ... 30. | Braja ... 113. | Brambang ... 137. | Brangta ... 81. | Brêngos ... 76. | Bubuk ... 123. | Budi ... 81. | Buyut ... 34. | Bulus ... 123. | Bumbung ... 108. | Bumi ... 149. | Bun ... 163. | Bung ... 137. | Bungah ... 82. | Buri ... 166. | Busana ... 97. | Busik ... 73. | Buta ... 26 | Buwana ... 149. | Dagang ... 38. | Daging ... 73. | Dahana ... 158. | Daya ... 82. | Dalan ... 149. | Danawa ... 26. | Dandan ... 97. | Daru ... 156. | Dêlêg ... 124. | dêmang ... 17. | Dênta ... 56. | Desa ... 149. | Dewa ... 9. | Diyu ... 26. | Dina ... 168. | Dipa ... 124. | Ditya ... 26. | Dlamakan ... 66. | Dom ... 104. | Driji ... 63. | Drojog ... 66. | Dugang ... 67. | Duk ... 143. | Duksina ... 166. | Durjana ... 38. | Durèn ... 137. | Dhadha ... 59. | Dhadhap ... 137. | Dhadhung ... 108. | Dhahar ... 92. | Dhalang ... 38. | Dandhang ... 123. | Dhapur ... 45. | Dhaut ... 56. | Dhawuk ... 161. | Dhêmit ... 175.

--- 182 ---

Dhêndha ... 113. | Dhèndhèng ... 74. | Dhêngkul ... 67. | Dhingklik ... 105. | Dhiri ... 41. | Dhodhok ... 59. | Dhudha ... 30. | Dhustha ... 38. | Dhuyung ... 124. | Dhuwur ... 166. | Jaja ... 59. | Jajan ... 67. | Jagad ... 150. | Jago ... 124. | Jaka ... 30. | Jaksa ... 17. | Jan ... 108. | Jalak ... 124. | Jaman ... 168. | Jamban ... 164. | Jambe ... 137. | Jambul ... 76. | Jamu ... 176. | Jamur ... 137. | Jana ... 27. | Jangan ... 92. | Jangêt ... 74. | Jangga ... 58. | Janggut ... 45. | Jangkah ... 67. | Jangkrik ... 124. | Janma ... 27. | Jantung ... 84. | Jara ... 108. | Jarak ... 137. | Jaran ... 124. | Jaring ... 108. | Jarit ... 97. | Jata ... 57. | Jati ... 138. | Jawata ... 9. | Jêjêg ... 67. | Jêmpol ... 63. | Jênang ... 92. | Jenggot ... 76. | Jinjang ... 67. | Jingga ... 161. | Jingus ... 53. | Jiwa ... 10. | Jlithêng ... 161. | Joris ... 125. | Jugul ... 82. | Jun ... 105. | Jhunjung ... 63. | Jurang ... 150. | Emban ... 38. | Empyak ... 101. | Empol ... 144. | Emprit ... 125. | Empu ... 17. | Endhas ... 42. | Endhog ... 125. | Enggon ... 101. | Entèk ... 178. | Enu ... 150. | Ébor ... 105. | Èmbèr ... 105. | Éntar ... 67. | Èncèk ... 105. | Énthong ... 105. | Érawati ... 156. | Èsêm ... 55. | Ésuk ... 169. | Gabah ... 144. | Gada ... 113. | Gajah ... 125. | Gajih ... 74. | Gadhung ... 138. | Gagak ... 126. | Gagang ... 144. | Gayuh ... 63. | Galar ... 105. | Galêng ... 150. | Galuga ... 138. | Ganda ... 53. | Gandar ... 97. | Gandhèk ... 18. | Gandhik ... 105. | Ganja ... 113. | Gangsa ... 118. | Gangsir ... 126. | Garan ... 108. | Garu ... 108. | Garudha ... 126. | Gêdhang ... 138. | Gêdêbog ... 138. | Gêdhèg ... 101. | Gèdhèg ... 43. | Gêdhong ... 101. | Gêgêm ... 64. | Gêgêr ... 60. | Gêlang ... 97. | Gembol ... 60. | Gêmbring ... 97. | Gêmbung ... 60. | Gênah ... 48. | Gêndhewa ... 113. | Gendhong ... 108. | Gêni ... 158. | Gêntho ... 38. | Gênthong ... 105. | Gêrèh ... 93. | Gêthèk ... 169. | Gêtih ... 79. | Gili ... 150. | Ginjêl ... 84. | Girang ... 82. | Giri ... 150. | Githok ... 43. | Glathik ... 127. | Godhong ... 144. | Gombak ... 76. | Gondhang ... 55. | Gong ... 118. | Grana ... 54. | Grantang ... 118. | Grêgêt ... 57. | Grojogan ... 164. | Gudèl ... 127. | Guguh ... 57. | Guyu ... 55. | Gula ... 93. | Guling ... 105. | Gulu ... 58. | Gundhul ... 43. | Gunting ... 113. | Gunung ... 150. | Gurêm ... 127. | Guru ... 18. | Gurung ... 84. | Guskara ... 164. | Hawa ... 166. | Hèr ... 164. | Hyang ... 9. | Idak ... 67. | Idêp ... 76. | Ijo ... 161. | Idu ... 85. | Ikêt ... 97. | Ilang ... 178. | Ilat ... 57. | Ili ... 164. | Ilu ... 85. | Indhing ... 97. | Intip ... 93. | Irawan ... 156. | Irêng ... 161. | Irung ... 54. | Irus ... 105. | Iso ... 84. | Iwak ... 127. | Yaksa ... 26. | Yati ... 13. | Yoga ... 13. | Yuda ... 24. | Yuyu ... 127. | Kadhal ... 127. | Kadang ... 34. | Kaga ... 127. | Kayu ... 144.

--- 183 ---

Kakang ... 34. | Kaki ... 35. | Kala ... 169. | Kali ... 164. | Kampuh ... 97. | Kanaka ... 64. | Kandhang ... 102. | Kandhut ... 60. | Kangkung ... 138. | Karang ... 138. | Karangulu ... 105. | Karêp ... 82. | Karna ... 46. | Kasatmripat ... 48. | Kasur ... 105. | Katara ... 48. | Kaca ... 98. | Kacang ... 138. | Kathok ... 98. | Katon|ton ... 48. | Katong ... 14 | Kawah ... 151. | Kawat ... 151. | Kawuk ... 127. | Kawul ... 144. | Kêbo ... 128. | Kêdasih ... 128. | Kêdhêle ... 138. | Kêdhèp ... 48. | Kêdhung ... 164. | Keyong ... 128. | Kêlud ... 105. | Kêluh ... 108. | Kêmangi ... 139. | Kêmarung ... 144. | Kêmbang ... 144. | Kêmiri ... 139. | Kêmladheyan ... 139. | Kêmpit ... 64. | Kêmpul ... 118. | Kêndhang ... 118. | Kêndhi ... 105. | Kêndhil ... 105. | Kêndhit ... 98. | Kêna ... 30. | Kênthang ... 139. | Kêncana ... 151. | Kênthus ... 128. | Kênul ... 93. | Kêpala ... 43. | Kêplok ... 64. | Kêpuh ... 139. | Kere ... 39. | Kêris ... 113. | Kêthèk ... 129. | Kêtepang ... 139. | Kêthik ... 57. | Kêcap ... 87. | Kêcik ... 145. | Kêcoh ... 85. | Kêthu ... 98. | Kêthuk ... 118. | Kidang ... l29. | Kikir ... 114. | Kilat ... 156. | Kinang ... 93. | Kinjêng ... 129. | Kintêl ... 129. | Kirik ... 129. | Kisas ... 58. | Kisi ... 108. | Kitiran ... 108. | Kiwa ... 167. | Klabang ... 129. | Klambi ... 98. | Klasa ... 105. | Klêbus ... 164. | Kleyang ... 145. | Klênthing ... 106. | Kluban ... 93. | Koja ... 28. | Kojong ... 64. | Kodhok ... 129. | Kokoh ... 93. | Kosok ... 118. | Kocak ... 164. | Krênêng ... 106. | Krèsèk ... 87. | Kringêt ... 85. | Kripik ... 87. | Krisik ... 87. | Krosak ... 87. | Kudhi ... 109. | Kukila ... 129. | Kuku ... 64. | Kukus ... 159. | Kul ... 130. | Kulit ... 74. | Kumala ... 151. | Kumba ... 43. | Kuning ... 161. | Kuncung ... 76. | Kuping ... 47. | Kurêb ... 60. | Kursi ... 106. | Kutha ... 151. | Kucing ... 130. | Kutuk ... 130. | Kuwuk ... 130. | Lahang ... 145. | Layah ... 106. | Layon ... 178. | Layu ... 67. | Laksana ... 68. | Lalêr ... 130. | Lalis ... 178. | Lambe ... 55. | Lampah ... 68. | Lampit ... 106. | Lamur ... 48. | Lanang ... 31. | Landa ... 28. | Langit ... 156. | Langkah ... 68. | Lancur ... 77. | Lar ... 77. | Lara ... 176. | Laras ... 119. | Lare ... 31. | Lathi ... 55. | Lacak ... 69. | Lawang ... 102. | Lawung ... 114. | Lêbuh ... 151. | Lèk ... 49. | Lêmah ... 151. | Lêmbu ... 130. | Lêmbut ... 176. | Lêmpuyang ... 139. | Lêmud ... 130. | Lena ... 178. | Lèndhi ... 39. | Lênga ... 93. | Lêngên ... 64. | Lênggak ... 58. | Lêsung ... 109. | Lidhah ... 57. | Liling ... 49. | Liman ... 130. | Lingga ... 41. | Lintang ... 156. | Lincak ... 106. | Liring ... 49. | Lisah ... 93. | Lombok ... 139. | Longok ... 49. | Lor ... 167. | Luh ... 85 | Lukak ... 164. | Lulang ... 74. | Lumah ... 60. | Lumbu ... 139. | Lumbung ... 109. | Lumpang ... 109. | Lumpat ... 69. | Lumpuh ... 69. | Lunga ... 69. | Lungayan ... 58. | Lungguh ... 60. | Lurung ... 151. | Lusi ... 130. | Madu ... 93. | Mayang ... 74. | Mayit ... 178.

--- 184 ---

Maling ... 39. | Manah ... 82. | Mangsa ... 170. | Manuk ... 130. | Marga ... 151. | Maruta ... 167. | Mata ... 49. | Macan ... 131. | Mega ... 157. | Mêndhang ... 145. | Mèngèng ... 43. | Mêrak ... 131. | Mêrang ... 145. | Mêri ... 131. | Mimi ... 131. | Mimis ... 114. | Momong ... 28. | Mong ... 131. | Montok ... 60. | Mripat ... 50. | Mrica ... 139. | Muka ... 45. | Mumuk ... 50. | Mung ... 87. | Mungsuh ... 24. | Muntu ... 106. | Murang ... 69. | Murda ... 43. | Mustaka ... 43. | Naas ... 171. | Naga ... 131. | Nagara ... 152. | Naya ... 35. | Nalar ... 82. | Nangka ... 139. | NaasNapas. ... 54. | Nara ... 28. | Narpa ... 14. | Nata ... 14. | Netra ... 50. | Nila ... 139. | Nini ... 35. | Nir ... 178. | Nraka ... 11. | Ngarsa ... 167. | Ngisor ... 167. | Nyawa ... 11. | Obong ... 159. | Obor ... 159. | Omah ... 102. | Omong ... 87. | Ongkang2 ... 69. | Orong2 ... 132. | Otot ... 79. | Pada ... 69. | Padal ... 70. | Padhang ... 50. | Padu ... 88. | Payung ... 106. | Palu ... 114. | Panah ... 114. | Panas ... 159. | Pandhan ... 139. | Pandêng ... 50. | Panjang ... 109. | Panji ... 14. | Pangan ... 94. | Pangeran ... 15. | Pangulu ... 19. | Pangur ... 57. | Panti ... 102. | Pancal ... 70. | Pancing ... 109. | Papan ... 102. | Para ... 70. | Pari ... 139. | Parwata ... 152. | Pathak ... 43. | Pathêt ... 119. | Pati ... 179. | Pacêrèn ... 164. | Patra ... 145. | Pawon ... 102. | Pêdhang ... 115. | Pêjah ... 180. | Pèh ... 84. | Pêking ... 132. | Pelas ... 94. | Pêndhita ... 13. | Pêndhok ... 115. | Pênthung ... 115. | Pêrang ... 24. | Pêtak ... 88. | Pêthèl ... 109. | Pêtêng ... 50. | Pêcing ... 109. | Pêcruk ... 132. | Pêcut ... 109. | Pikir ... 82. | Pikul ... 64. | Pilis ... 176. | Pindhang ... 94. | Pipi ... 45. | Pitik ... 132. | Ponjèn ... 107. | Pondhok ... 102. | Prabangkara ... 157. | Prabu ... 15. | Praja ... 152. | Prajurit ... 24. | Praya ... 83. | Prana ... 83. | Prawan ... 31. | Prêkutut ... 132. | Prênjak ... 133. | Priya ... 31. | Pring ... 140. | Pudhak ... 140. | Puja ... 13. | Pujangga ... 19. | Puluk ... 94. | Pundhak ... 61. | Punggung ... 83. | Pupuh ... 25. | Pupuk ... 176. | Pura ... 103. | Purna ... 176. | Pusêr ... 61. | Putih ... 162. | Pucang ... 140. | Putra ... 35. | Putung ... 65. | Raja ... 15. | Rajah ... 115. | Raga ... 41. | Rai ... 45. | Ramban ... 146. | Rambut ... 77. | Rampadan ... 94. | Randha ... 31. | Rangga ... 20. | Ranggon ... 103. | Rara ... 32. | Rasêksa ... 27. | Rat ... 153. | Ratu ... 16. | Rêkta ... 162. | Rêm ... 51. | Rema ... 77. | Rêmbung ... 88. | Rêmbulan ... 157. | Rêmpêla ... 84. | Rêtna ... 154. | Ri ... 146. | Riris ... 164. | Rok ... 25. | Ron ... 146. | Ropoh ... 140. | Rujak ... 94. | Rungu ... 47. | Rupa ... 45. | Sabar ... 83. | Sabda ... 88. | Sabuk ... 98. | Sada ... 146. | Saji ... 94. | Sadulur ... 35. | Sagara ... 164. | Saka ... 103. | Saksi ... 39. | Salira ... 42. | Sambêl ... 94. | Sana ... 103. | Sanak ... 36. | Sandhang ... 98. | Sanjata ... 116.

--- 185 ---

Sandhung ... 71. | Sangga ... 65. | Sanggar ... 103. | Sangkal ... 110. | Sapi ... 133. | Saptarga ... 13. | Sapu ... 107. | Sara ... 115. | Sarah ... 146. | Sari ... 146. | sasi ... 171. | Sata ... 133. | Satru ... 25. | Satu ... 154. | Sawah ... 154. | Sawêt ... 110. | Sêbat|sêbut ... 88. | Sêga ... 95. | Sêkar ... 147. | Sêkul ... 95. | Sela ... 154. | Sêmangka ... 140. | Sêmbur ... 176. | Sêmprong ... 107. | Sêmut ... 133. | Sêndhang ... 165. | Sendhok ... 107. | Sêngkêr ... 110. | Sêpi ... 89. | Seta ... 167. | Setan ... 176. | Sidhat ... 133. | Siyung ... 57. | Sikara ... 71. | Sikatan ... 134. | Sikil ... 71. | Sikut ... 65. | Sila ... 65. | Silit ... 61. | Simbar ... 77. | Sinjang ... 98. | Singa ... 134. | Singgang ... 141. | Singgat ... 134. | Sinom ... 77. | Sirah ... 43. | Sirna ... 180. | Sisih ... 167. | Sisik-mêlik ... 134. | Siti ... 154. | Slaga ... 146. | Sona ... 134. | Soca ... 51. | Sotya ... 154. | Srêngenge ... 157. | Sudama ... 157. | Suduk ... 116. | Suka ... 83. | Sukma ... 11. | Suku ... 71. | Suling ... 119. | Suluh ... 159. | Sumbi ... 110. | Sumping ... 99. | Sumur ... 165. | Sunan ... 16. | Sunduk ... 110. | Sundhul ... 44. | Sungsum ... 79. | Sungsung ... 165. | Sunya ... 89. | Sura ... 10. | Surak ... 89. | Suru ... 141. | Suruh ... 141. | Suta ... 36. | Suwakan ... 165. | Suwarga ... 11. | Suwêng ... 99. | Swara ... 89. | Tubuh ... 119. | Taji ... 116. | Tajin ... 95. | Tai ... 85. | Talang ... 103. | Tali ... 110. | Talingan ... 47. | Taman ... 155. | Tamba ... 177. | Tamèng ... 116. | Tampah ... 111. | Tampar ... 111. | Tanah ... 155. | Tandhing ... 25. | Tangan ... 65. | Tani ... 40. | Tapa ... 13. | Tapak ... 72. | Tapêl ... 177. | Tapih ... 99. | Tarub ... 103. | Tatal ... 147. | Thathit ... 157. | Tatu ... 177. | Taun ... 171. | Tawang ... 157. | Tawon ... 134. | Têbu ... 141. | Têkèk ... 134. | Têki ... 141. | Têlik ... 25. | Têmbung ... 89. | Têmpaling ... 111. | Têmu ... 141. | Tênga ... 51. | Têngah ... 167. | Têngên ... 167. | Tênggak ... 58. | Têngu ... 134. | Têsmak ... 99. | Tibra ... 83. | Tigan ... 134. | Tigas ... 59. | Tikus ... 134. | Tilas ... 72. | Timun ... 141. | Tindak ... 72. | Tinja ... 86. | Tingal ... 51. | Tinggi ... 134. | Tirta ... 165. | Togog ... 119. | Toya ... 165. | Tolèh ... 51. | Topi ... 99. | Thothok ... 44. | Trajang ... 72. | Trasi ... 95. | Tratag ... 103. | Tracak ... 72. | Trênggiling ... 134. | Truwèlu ... 134. | Tulup ... 111 | Tumbak ... 116. | Tumbuk ... 171. | Tumênggung ... 20. | Tumpal ... 147. | Tunjung ... 141. | Tunggak ... 147. | Tunggal ... 36. | Tunggul ... 162. | Tungkul ... 44. | Turangga ... 134. | Turas ... 86. | Turus ... 147. | Tut ... 73. | Tutur ... 90. | Cagak ... 103. | Cakra ... 116. | Candra ... 158. | Candu ... 95. | Cangkêm ... 56. | Cangklak ... 60. | Cancut ... 99. | Cantrik ... 13. | Canthuka ... 135. | Caping ... 99. | Carang ... 147. | Carma ... 74. | Cacing ... 135. | Catur ... 90. | Cawêt ... 42. | Cebol ... 42. | Cèkèh ... 73. | Cèkèl ... 14. | Cekoh ... 66. | Cekok ... 177. | Cèlèng ... 135. | Cêngkir ... 147.

--- 186 ---

Cêpaka ... 142. | Cêthak ... 56. | Cikal ... 142. | Cina ... 28. | Cindhe ... 99. | Cingkluk ... 66. | Cacing ... 99. | Cipta ... 83. | Clana ... 100. | Clarat ... 135. | Colok ... 160. | Colot ... 73. | Cocak ... 73. | Cocot ... 56. | Criwis ... 90. | Cukit ... 104. | Cundhuk ... 100. | Cungkup ... 104. | Cuplak ... 177. | Curiga ... 116. | ... | Udan ... 165. | Ujar ... 90. | Uyah ... 95. | Uyuh ... 86. | Ula ... 135. | Ulap ... 111. | Ulat ... 51. | Ulêr ... 135. | Ulu ... 44. | Umbêl ... 86. | Umpak ... 104. | Undhat ... 90. | Uni ... 90. | Undur ... 73. | Ungak ... 52. | Ungkal ... 111. | Oncêg ... 111. | Untu ... 57. | Upa ... 95. | Upaksi ... 52. | Urang ... 135. | Urub ... 159. | Usada ... 177. | Usus ... 84. | Uswa ... 54. | Utamangga ... 44. | Utêk ... 83. | Ucap ... 91. | Uwas ... 83. | Uwi ... 142. | ... | Wadana ... 46. | Wade ... 100. | Waja ... 57. | Wadon ... 32. | Wadhuk ... 85. | Wadya ... 25. | Wayang ... 119. | Wala ... 32. | Walang ... 135. | Wanara ... 136. | Wang ... 46. | Wangi ... 54. | Wangkong ... 61. | Wangon ... 104. | Wara ... 172. | Wardaya ... 83. | Warih ... 166. | Warna ... 162. | Warsa ... 172. | Waspa ... 86. | Wastra ... 100. | Wasu ... 10. | Watang ... 117. | Wacana ... 91. | Watu ... 155. | Wêdhon ... 177. | Wêdhung ... 111. | Wêdhus ... 136. | Wêktu ... 172. | Wêlut ... 136. | Wèni ... 78. | Wêruh ... 52. | Wêsi ... 155. | Wetan ... 167. | Wêtêng ... 61. | Wewe ... 177. | Wijah ... 84. | Wiji ... 147. | Wilis ... 162. | Windu ... 172. | Wingking ... 167. | Wirang ... 84. | Wit ... 148. | Wicara ... 91. | Woh ... 148. | Wong ... 28. | Wongwa ... 160. | Wringin ... 142. | Wuda ... 100. | Wudêl ... 61. | Wuku ... 173. | Wulu ... 78. | Wuta ... 52. | Wuwu ... 111. | Wuwung ... 104. | Wuwus ... 91.