Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Sa

1. sa, aksara untu zie na a.

2. sa, aksara dantya zie na b.

3. sa, tanduke: nya lan na, zie ca.

4. sa, yèn dadi wêkasaning lingga ana kang bisa nukulake ... (cêcak) kaya ta:

kuwali N, kuwalik N ... kuwangsul K. ora kuwasul

kêndhali N kêndhangsul K. ora kêndhasul

bali N {wangsul K., bangsul K.D.} ora wasul, basul.

tali N tangsul, K. ora: tasul

5. sa, dadi atêr-atêring têmbung lingga aran: lingga andhahan = substantief bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora kaya ta: siji, saka: saiji, saka: iji. Saelo, saka: elo.

6. swaraning: sa, kaperang dadi têlu

a. yèn purwaning lingga aksara ha, sarta karakêtan sandhangan swara, swarane kaya a, kaya ta: saasta, saidu, saupa, saece, saomah.

b. yèn purwaning lingga ora kêna pinisah lan atêr-atêre: sa, swarane kaya e, kaya ta: sêlonjor (lojore, ora tumindak, iya iku kang ingaran, ora kêna pinisah).

--- 2 : 871 ---

c. yèn purwaning lingga kêna pinisah lan atêr- atêre: sa, swarane kaya ak. kaya ta: saknagara, (nagarane bisa tumindak) iya iku kang ingaran kêna pinisah. nanging kabèh mau panulise padha bae nganggo: sa, kaya ta: saasta, salonjor, sanagara.

7. a. sa murda, dadi sêsigêging wanda kang ambukani aksara: dha, tha, kaya ta: pudhara, kèsthi.

b. sa murda kêna dadi tataprungguning têmbung ana samburining aksara ya, kaya ta: Radèn Tumênggung Yasadipura, zie na murda.

c. sa murda, ora duwe pasangan

8. a. sa talawya, dadi sêsigêging wanda kang ambukani aksara: ca, ja, kaya ta: pascima, masjid zie na.

b. sa talawya, dadi tataprungguning têmbung, kaya ta: Radèn Tumênggung Sasrasudira bupati ing Sragèn, zie Na.

9. a. sa kêmbang, yèn dadi pasangan ora ana sangisoring aksara, ana saburining aksara sêsigêging wanda, kaya ta: rêksa.

b. sa kêmbang, kêna dipanjingi ing [...]Huruf Jawa: pasangan na. lan pasangan [...],Huruf Jawa: pasangan ma. nanging mung tumrap ing têmbung sawatara, ora bisa lèrèg marang têmbung liya-liyane, kaya ta: tiksna, nanging dintên Snèn ora kêna. Suksma, nanging dipun smadosi ora kêna.

--- 2 : 872 ---

ôngka 4 sinambungan sa kêmbang = A, dadi aksara swara a zie A.

10. pasangan sa talawya, padha bae karo aksarane sarta mung dadi tataprunggu dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: dhawuhipun sang prabu ngalaga, zie Na

11. kup, pasuti, mung kanggo ing basa Kawi bae, kaya ta: ambêkus = ambêksa

12. lingga têlung wanda kang apurwa aksara: sa, pa, prayoga dipêpêt, dadi beda karekaro. atêr-atêr: sa, pa, (lingga andhahan) kaya ta:

Sêlaka, pêkaja. Salapan, pakarangan ... dadi banjur wijang bae, sabên dipêpêt, mêsthi lingga sarta sabên lêgêna mêsthi atêr-atêr.

Sa:

1. C.B. tunggal, 2. kw. ing, ingkang, kaya, sarta, pêksa.

Si:

1. T.J.B.siji, 2. kw. si N. pun K. lah, luwih.

Su:

1. T.J.B. luwih, 2. kw. bêcik, bangêt.

Se:

niet

So:

1. K.N. zie wit 2. Kw. suruh

Sah:

1. T.J.B. lunga, 2. kw. oncat, unus, rampung, pisah, pêgat, bubar.

Sih Kw.:

arum, trêsna, sêngsêm, gumuyu.

Suh:

1. K.N. zie srandu warôngka tumbak en wêdhung, 2. kw. rusak, sirna, lêbur, jêjêt.

Sèh:

1. T.J.B. wuta, 2. kw. wêlas.

Soh:

niet

Sêh Kw.:

sêdhih, paran, mara.

--- 2 : 873 ---

Sauran:

' = gong, zie lokanônta.

Seotêr:

zie luwak letl e.

Suimah:

Radèn Ajêng ... putra P.B.IX.zie Ngimagiri no. 214

Sèh Sitijênar:

zie K.L. no. 3

Sah Ngalam Akbar I:

' = Radèn Patah 26.

Sah Ngalam Akbar II:

' = Pangeran Sabrang Lor 27.

Sah Ngalam Akbar III:

' = Radèn Trênggana 28.

Sunan Giri:

zie tunggul.

Sinarasah (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sinarasah luk 5 nganggo kêmbang kacang, ri pandhan, têngah mas têkan pucuk.

Sinaroja:

zie trate.

--- 2 : 874 ---

Sunat:

Têmbunge: lan wênang wong wadon dèn sunati yèn arêp dadi pangantèn (agama Endra). Lan wênang wong wadon dèn sunati yèn lagi lair (agama Sambu). Lan wênang wong wadon dèn sunati yèn anake wong edan (agama Wisnu). Lan wênang wong wadon dèn sunati yèn ontang-anting (agama Brama) P.R.II. 24-9 vo. en 27-8 vo.

Sênèpi:

zie Ngimagiri no. 46

--- 2 : 875 ---

Senapura:

jaksa tumênggung ... zie pôncaniti no. 6

Senapati:

zie gamêlan sêtu

Senapati Kw.:

natayuda, dipati, senanata, senaraja, senadipa, senapatya, pramugari, senadipa (waduaji), têgêse: mangku parentah, kuwajibane anggadhuh pangwasaning ratu, kapasrahan angrèh para prajurit, sumurup marang ingêr gêlaring prang, nganglangi pringgabaya, isih tumindak tungguk pacaosane, kaparingan lungguh bumi desa 6000 karya utawa 750 jung.

Anane senapati saka karsane Rêsi Mahadewa Budha (Bathara Guru) ing Mêndhangkamulan I nalika taun 147. P.R. I 104-2 vo.

Senapati Ngalaga:

panêmbahan ... = Radèn Ngabèi Saloring Pasar, iya Risang Sutawijaya zie pôncaniti no. 33 en. zie k.g. no. 8.

Senapati ngalaga (padhalangan), karsa mangun wayang purwa Kidang Kêncanan, ginêmpur rambute sarta binêdhahan ricikan manuk dhagêlan, kajujut sawatara, tanganing wayang isih iras, sinungan sangkala gambar kêkayon, wite pinêtha urip ana ing jambangan, unining sangkala: gurda suci gatining aji = 1541.

Sinom:

zie gend.bon.pat.bar.pel.

Sinom:

zie wit (asêm)

Sinom:

zie supa.

Sinom (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sinom: bênêr, nganggo lambe siji, sogokan kêmbang kacang, sraweyan sarta ri pandhan.

Sinom Kw.:

kesumi, tarna, têrnitya, sinwam, srihuka, srinata, srikara, srimuka, sukèsi, wyanita, zie rambut.

--- 2 : 876 ---

Sinom:

têgêse: pradapaning asêm, kang nganggit Sinuhun Giri Kadhaton, zie Dj.k.1900 no.63.

Sinom (têmbang macapat):

a - i - a - i - i - u - a - i - a. // 8 - 8 - 8 - 8 - 7 - 8 - 7 - 8 - 12.

Tuhu pangoncanging suksma / Kalana Jayadimurti / solahira anèng taman / tamanira sri bupati / samana duk umèksi / naga mas tutuk manguntur / buka sri karnantera / sisik kumala rinukmi / apan arsa myating tutuk naga praba //

Sinom wora-wari:

kêris dhapur sinom wora- wari, bênêr, nganggo sogokan loro, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo jenggot, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng, nganggo rôndha nunut, iku yasane Prabu Mundhingsari ing Pajajaran, kang ingandikakake gawe Êmpu Kajatsari, sinangkalan, salira loro-loroning tunggal (1228).

Sinompradapa:

' = Padmanagara, patih jaba panji ... zie pôncaniti no.9.

Sindu:

zie banyu.

Sindhuupaka:

id.

Sinduaji (kawruh êmpu):

Wêsi sinduaji rupane kaya kaca putih sulak biru, amêdèni, asale saka lak-lakane Kyai Mudhik Bathara Gurune Êmpu Ramadi, yèn dithinthing unine: dhung, kang nganggo têguh rahayu, yuwana kuwat, ora bisa kèrêm sajroning banyu, yèn ginawe prang, kang nganggo ora katon, dene pangane: rasa, kêrpu lan lêmsa ? abang dibakar banjur cinarub, diwur-wurake, lêngane wijèn.

Kang duwe gêgaman wêsi sinduaji, rupa tumbak kêris, utawa liyane, iku mêsthi duwe gêgaman wêsi balitung, iya sarupa-rupane, awit wis dadi janjine mêngkono.

Sinduaji:

en malik. Wêsi sinduaji campur lan wêsi malik, iku dadi wêsiKelanjutannya masuk hal. 885.

--- 2 : 877 ---

Sandisutra

a - ê = Ê

i = I

u = U

e = ya

o = O

[...]Huruf Jawa: wignyan. ' = ha

[...]Huruf Jawa: layar. ' = ra

[...]Huruf Jawa: cêcak. ' = nga

[...]Huruf Jawa: cakra. ' = ca

[...]Huruf Jawa: kêrêt. ' = ?

[...]Huruf Jawa: pengkal. ' = nya

[...]Huruf Jawa: pangkon. ' = [...]Garis bawah.

voorb:

sigrang sêbayu = [...]Huruf Jawa: sa, i, ga, ca, nga, sa, ê, ba, ya, u.

suta nirbaya = [...]Huruf Jawa: sa, u, ta, na, i, ra, ba, ya.

lir wikara muh = [...] Huruf Jawa: la, i, ra, wa, i, ka, ra, ma, u, ha.

mangundhung mangiwung = [...]Huruf Jawa: ma, nga, u, na garis bawah, dha, u, nga, ma, nga, i, wa, u, nga.

--- 2 : 878 ---

Sandisastra

a - ê = Ê

i = I

u = U

e = ya

o = O

[...]Huruf Jawa: wignyan. ' = ha

[...]Huruf Jawa: layar. ' = ra

[...]Huruf Jawa: cêcak. ' = nga

[...]Huruf Jawa: cakra. ' = ca

[...]Huruf Jawa: kêrêt. ' = ?

[...]Huruf Jawa: pengkal. ' = nya

[...]Huruf Jawa: pangkon. ' = [...]Garis bawah.

voorb:

sampun mulih = [...]Huruf Jawa: sa, ma garis bawah, pa, wa, na garis bawah, ma, wa, la, i, ha.

kapibala mulih = [...]Huruf Jawa: ka, pa, i, ba, la, ma, wa, la, i, ha.

taruntunan = [...]Huruf Jawa: ta, ra, wa, na garis bawah, ta, wa, na, na garis bawah.

ubaya samba wana = [...]Huruf Jawa: ha, wa, ba, ya, sa, ma garis bawah, ba, wa, na.

--- 2 : 879 ---

Sandiparya

a - ê = Ê

i = i dipengkal

u = u dipengkal

e = E

o = o dipengkal

[...]Huruf Jawa: wignyan. ' = ha dipengkal

[...]Huruf Jawa: layar. ' = ra dipengkal

[...]Huruf Jawa: cêcak. ' = nga dipengkal

[...]Huruf Jawa: cakra. ' = ca dipengkal

[...]Huruf Jawa: kêrêt. ' = ?

[...]Huruf Jawa: pengkal. ' = nya dipengkal

[...]Huruf Jawa: pangkon. ' = [...]Garis bawah.

Sandiglêdhêg:

zie sandibasuki ben

--- 2 : 880 ---

Sandibasuki

a - ê = [...]Huruf Jawa: ja diberi titik tiga di atasnya.

i = [...]Huruf Jawa: tha diberi titik tiga di atasnya.

u = [...]Huruf Jawa: dha diberi titik tiga di atasnya.

e = [...]Huruf Jawa: ya diberi titik tiga di atasnya.

o = [...]Huruf Jawa: wa diberi titik tiga di atasnya.

[...]Huruf Jawa: wignyan. ' = ha diberi titik tiga di atasnya

[...]Huruf Jawa: layar. ' = ra diberi titik tiga di atasnya

[...]Huruf Jawa: cêcak. ' = nga diberi titik tiga di atasnya

[...]Huruf Jawa: cakra. ' = nya diberi titik tiga di atasnya

[...]Huruf Jawa: kêrêt. ' = ?

[...] Huruf Jawa: pengkal. ' = la diberi titik tiga di atasnya

[...]Huruf Jawa: pangkon. ' = [...]Garis bawah.

Sandibasuki padha kaya sandiglêdhêg, mung patraping sastra bae beda.

Sandibasuki: kajèjèr, Sandiglêdhêg: katumpuk ... kaya ta:

Surakarta = [...]Huruf Jawa: sa, dha diberi titik tiga di atasnya, ra, ka, ra diberi titik tiga di atasnya, ta.

' = [...]Huruf Jawa: sa dibawahnya dha diberi titik tiga di atasnya, ra, ka dibawahnya ra diberi titik tiga di atasnya, ta.

Mudhun = [...]Huruf Jawa: ma, dha diberi titik tiga di atasnya, dha, dha diberi titik tiga di atasnya, na garis bawah. ' = [...]Huruf Jawa: ma dan dha diberi titik tiga di atasnya, dha dan dha dibawahnya dengan titik tiga di atasnya serta na.

--- 2 : 881 ---

Sindur:

Ing ngisor iki araning sindur kang kagêm ing karaton dalêm, saka paturane Nyai Gêbyur abdi dalêm pangêmbang, kaya ta:

1. onêngan, ijo gadhung, têngah wungu, têngah manèh putih, 2. anêng-anêng panthêng, ijo têngah, abang noja, sèrèt wungu, 3. klabang ngantup, ijo tuwa, sèrèt abang, 4. kumudaningrat, kuning, sèrèt wungu, kêndhit gadhung, 5. kêmbang kangkung, wungu, têngah putih, sèrèt ijo, 6. kêmbang waru, kuning, sèrèt wungu, 7. kêmbang blimbing, wungu, têngah ijo, sèrèt biru, 8. kêmbang bênguk, wungu, têngah biru sèrèt ijo, 9. tamioyi, ijo gadhung, têngah wungu, têngah manèh ijo gêndul,

--- 2 : 882 ---

10. sindur, abang sindur, sèrèt putih, 11. sindur mas, abang sindur, sèrèt ijo, 12. siwalan dhêpot, wungu siwalan, sèrèt putih, 13. slindhitan, jingga, têngah gadhung, 14. sômba ngênglêng, kêthèl têngah ijo, têngah manèh abang noja, 15. wayuha, wungu, sèrèt ijo, 16. pandhan binêthot, ijo tuwa, sèrèt putih, 17. panji karungrungan, wungu, pinggir gadhung, 18. panji wuyung, kêthèl, têngah ijo, têngah manèh jingga, 19. panji pilis, gadhung sèrèt wungu, 20. panji gandrung, ijo, têngah jingga, sèrèt wungu, 21. panji balik, wungu, têngah ijo, 22. panji ngênglêng, jingga pinggir wungu, kêndhit biru, 23. mayangmêkar, kuning nom,sèrèt ijo tuwa,

--- 2 : 883 ---

23.No. 24 dan seterusnya. pareanom, ijo, têngah kuning, sèrèt wungu, 24. paru-paru, wungu, têngah abang, paru (rupaning iwak paru) sèrèt ijo, 25. puspandara, jingga nom, têngah jingga tuwa, sèrèt wungu, 26. puspacipta, kêthèl, têngah biru, têngah manèh kuning, 27. puspakêncana, kuning, têngah jingga, sèrèt wungu, 28. puspadinar, kêthèl, têngah ijo, têngah manèh kuning, 29. papasan matêng, ijo têngah abanging wowohan papasan matêng,.sèrèt wungu, 30. podhang ngisap sari, jingga, têngah kuning, 31. pangantèn anyar, ijo gadhung, têngah abang, têngah manèh putih

--- 2 : 884 ---

32. mayang mêkar, kuning nom, sèrèt ijo tuwa, 33. mangunarja, wulung, têngah biru, 34. gêndera Lônda, wulung, putih, jingga, 35. gunungsari, ijo gadhung, têngah wungu, têngah manèh kuning, 36. gula klapa, jingga, têngah putih, 37. gadhung mlathi, ijo, têngah putih, sèrèt wungu, 38. gagak kuncung mas, wulung, têngah kuning, 39. banthèng kêtaton, wulung sèrèt jingga.

--- 2 : 885 ---

ala, rupane biru amêrkutuk kasap kaya sungu kambon gêni, yèn didêlok suwe-suwe samun, yèn dithinthing unine: thong, dhung, anggêrêng, sadhapur-dhapure wêsi iku kang nganggo mêsthi lara edan, saka kagodha jin, setan, utawa dhêmit, kêna uga dening panggawene bojone dhewe, yèn ginawe golèk kauntungan ana sajroning sêgara gêlis olèh, iya iku kang dadi karêping wêsi, awit pancèn dadi pangane, dèn ngati-ati.Kelanjutan dari hal. 876.

Sondêrhut:

zie sundêl laut.

Sindurja:

Patih Radèn Arya ... pêpatih ing Kartasura zie patih no. 10 (M.R.14 taun) iku putrane Ngabèi Pranantaka bagus, putrane Ngabèi Pranantaka bênêr.

Sindurja:

Radèn Adipati ... pêpatih ing Surakarta, gawan saka Kartasura (P.B.II. 7 taun en P.B. III. 5 taun). Iku putrane Tumênggung Wirasastra, putrane Ngabèi Sutamarta, putrane Tumênggung Martayuda, putrane Kyai Putu Martagati ing Pagêrgunung, putrane Kiyai Agêng Sutagati ing Pagêrgunung, putrane Kiyai Agêng Karotangan ing Pagêrgunung, putrane Kiyai Agêng Nis ing Lawiyan.

Sindurja:

Radèn Adipati ... pêpatih ing Surakarta, zie patih no.17 en 20 (P.B.III 2 taun), iku putrane Ngabèi Sutamarta III putrane id. II putrane Ngabèi Martadipa, putrane id. I. putrane Tumênggung Martayuda.

Sindurêja:

patih arya ... zie Pôncaniti. Adipati Sindurêja zie P.B.II. Adipati Sindurêja no. 44

Sanditawang:

Ciri sanditawang, unyêng-unyêngan jaran ana sangisoring kuping, kasasaban jembraking suri, watêke bêcik, kang ngingu antuk barang bêcik, nêmu suka bungah.

--- 2 : 886 ---

Sindusena:

zie Ngimagiri no. 169

Sindusena:

fr. zie Ngimagiri no. 156

Sindusena:

patih jaba Pangeran Tumênggung ... zie Pôncaniti no. 9

Sundêl laut (katuranggan):

Jaran wêton sundêl laut kang akèh mripate pêndul, wulune pandhês, sikile cilik gèpèng, atine bantêr.

Sundêl malêm Kw.:

Sulastri = sêdhêp malêm, Jav. Verh. Winter I 149-2. Wangsalan Tjent. Jêjamahan.

Sinta:

zie gend. gender, pat.nem. Sinta zie wuku, Dèwi Sinta lan Dèwi Landêp padha sadulur maune aran Dèwi Basundari lan Basuwati, padha putrane Sang Hyang Antaboga, kagarwa karo pisan marang R. Rêspati Dèwi Sinta pêputra Prabu Watugunung, Dèwi Landêp pêputra R. Wukir, Dèwi Sinta mau pisah lan ingkang raka, wusana kagarwa marang kang putra dhewe Prabu Watugunung, patutan siji R. Radeya = Sindhula (kama salah).

Santên:

iku ganjêling kawat rêbab.

Santana wadon Kw.:

wangsa wrêsni kulawadu, bala santana, balangga wrêsni wangsa.

Santana lanang Kw.:

kulawandawa, kulawanduwarga, kulawarga, kulayadu wanduwandawa, sanak sadhèrèk, wandawa, wanduwandawa, wanduwarga, wangsa wanduwandawa, yadukula.

Sontrang:

zie endhang.

Sôntakusuma:

putra P.B. IX zie Img. no. 165.

Sôntadipura:

Radèn Tumênggung ... zie Mung no. 3.

Sêntil:

zie kêbo.

Sêntul:

kayu kang ginawe wayang klithik jajanan, kang ambarang ana ing padesan zie P.B. III wangsalan Cênthini: kang walêsan pikat, olèh dening êntul.

Santang:

patih adipati ... zie P.N. no. 17.

1. Kêris dhapur santang, luk sawêlas, nganggo tikêl alis, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang nganggo jalèn, nganggo lambe gajah, nganggo jenggot, gônja ing buri nganggo grènèng, nganggo rôndhanunut.

2. Kêris dhapur karacan, luk sawêlas, nganggo sogokan loro, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo jalèn, lambe gajah, nganggo jenggot, gônja ing buri nganggo grènèng, nganggo rôndhanunut.

Kêris warna loro mau yasane Prabu Kala (wayahe Buyut Sang Hyang Wisnu), jumênêng nata ana ing Purwacarita, kang ingandikakake Êmpu Sugati, sinangkalan loro-loro tinata (522).

Sênting Kw.:

kêmbang, sangsangan.

Sanasewaka:

' = pandhapa gêdhe karaton Surakarta, ambane 68 kaki, 10 dim, dawane 76 kaki, 10 dim.

--- 2 : 887 ---

Sêndhi:

jaksa ngabèi ... zie pôncaniti no. 38.

Sêndhu:

sêndhon (kaniyagan) zie suluk.

Sêndhon iku lungguhe ana ing gamêlan pelog, padhane pathêtan lungguhe ana ing gamêlan salendro, kaya ta:

sapisan sêndhon lima, kaping pindho sêndhon nêm, kaping têlu sêndhon barang, dadi yèn ana wong ngarani pathêt barang iku luput, awit lungguhe ana ing pelog, sarta kudu ingaran sêndhon barang.

Sundha Anyakrawati:

Prabu ... zie P.N. no.16.

Sendhok porok:

wiwite wong mangan nganggo sendhok porok, saka anggite bôngsa Eropah nalika taun 1195 D.K. 1907 no.90.

Sandhang:

Sandhangan iku warna sawêlas, rolas kalêbu patèn, kaya ta:

[...], Huruf Jawa: wulu. [...],Huruf Jawa: suku. [...],Huruf Jawa: taling. [...],Huruf Jawa: taling tarung. [...]Huruf Jawa: pêpêt. ... sandhangan swara

[...],Huruf Jawa: wignyan. [...],Huruf Jawa: layar. [...]Huruf Jawa: cêcak. ... sandhangan panyigêging swara.

[...],Huruf Jawa: cakra. [...],Huruf Jawa: kêrêt. [...]Huruf Jawa: pengkal. ... sandhangan wyanjana.

[...]Huruf Jawa: pangkon.

Sêndhang Kw.:

sumbêr, warigi, lwah-lwèh, parigi, botrawi, bêlik.

Sêndhang apit pancuran:

sadulur têtêlu, lanang loro, wadon siji, ana ing têngah P.R. I. 196 (21).

Sêndhang kalika:

ciri sêndhang kalika, unyêng-unyêngan jaran tinêmu ana ing pipi: loro, watêke ala, kang ngingu sok kacurnan pratingkahe.

Sêndhang sucèn:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII.

Sandhung watang:

ciri sandhung watang, jaran bêlang sikile ing buri, watêke ala yèn ginawe prang ora bisa lumayu kêbat, ribêt sikile ambilaèni.

Sunjali:

patih arya ... zie pôncaniti no. 6/a.

Sunjaya:

patih arya ... zie pôncaniti no.7.

Sonyantaka:

ciri sonyantaka, mathining jaran mung siji, ana kiwa utawa têngên, watêke ala kang nunggang sok tiba kêjungkêl.

Senthe:

irêng, abang, kajar (kang thukul ing jêjurang), wuluh, putih. Senthe iku ditandur ana ing pakêbonan, utawa ana sapinggiring kalèn, panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis sataun kêna dipèk, senthe iku ngoyod, ora ana dhangkèle utawa wohe ngisor, kang dipèk wite dikêthok, ngisor kang enak dipangan, ing dhuwur dikêthok sarta diisihake pupuse, iku kang dadi wiji ditandur manèh, senthe iku kang pakolèh digodhog, digorèng iya

--- 2 : 888 ---

kêna, nanging kudu dioncèki kulite kang rêsik, awit kulit senthe iku anggatêli.

Ana senthe kang genjah aran: senthe urang lan senthe lênga, iku ora kongsi sataun pangamèke, mung pitung sasi wis kêna dipèk.

Senthe urang:

papahe ijo, pinggire sèrèt wungu.

Senthe kapur:

mèh padha karo senthe urang, kacèke yèn senthe kapur yèn isih mêntah: atos, yèn wis matêng êmpur.

Senthe topo:

papahe sêmu putih, zie Brm. 1908 no. 97.

Senthewere (= Suralaya):

zie kimpul.

Suci:

zie banyu.

Sêcanala:

mas ayu inya ... zie KS. no. 52.

Sêcawati (= Tapati):

zie Img. no. 158.

Sêcawisa:

nyai tumênggung zie K.G. no. 73.

Sêcawijaya:

(tukang nyorèk wayang purwa) zie Me N. II en zie panatah.

Sar:

Tj.B. lunga.

Sêr Kw.:

tigas, wêdhèn.

Sir:

Tj.B. arêpa.

Sura:

Tj.B. bosên.

Sèr:

Tj.B. asor.

Sor Kw.:

asor, kasor, ngisor. Kang aran pagawean asor iku kaya ing ngisor iki:

abibis, wong gawe dom.

angurut, wong gawe kawat.

anggêndhing, wong gawe gong.

anggênjèng: sayang.

anggalanthang: wong gawe (of adol) grabah.

anggêdhig: pandhe.

cukit: wong adol trasi.

kurakah: jagal.

kumbah: juru masuh = malantên, en panatu.

dulit: wong adol ênjêt.

muntrêng: wong mêdêl.

mrakèh: kundhi.Halaman 889-895 hilang (teks asli tidak ada). Adapun alih aksara halaman ini diambil dari Fotokopi teks Latin Bauwarna Jilid 2 koleksi Museum Sanabudaya Yogyakarta.

--- 2 : 889 ---

malêrêng: mêmêlik.

branke: blantik.

zie J.Ê. II 167.2. lan saka unine layang pêpali kaya ing ngisor iki:

kumbah sarakah (nut kurakah).

cukit andulit, iya jamalan-tênmurna ika, iku nora dadi gêdhe enz. zie Jav. Sprakk.43.2.

Wong malantên, zie Tap.A.174.11.v.o. ingkang yoga marang ing sirèki, apan dudu wong kumbah kurakah, cêcèkèl longaning bale, trahing kusuma tuhu, pan têdhaking andana warih, wijiling maratapa, rumêmbêsing madu ...

zie Sêmbadra larung cêrita R. Ôntarêja.

Sra:

Tj.B. akas.

Sri:

zie ratu.

Sura:

zie braat, no.1. en 2.

Suri:

zie srandu jaran.

Suruh Kw.:

tambula, sêrêh, sêdhah, D.N.K. 68.6.A. en zie wit (suruh) sinalinan sêdhah ayu sêkar arum, gôndawida lawan dupa P.R. III 120.3.v.o.

Serehan:

zie kêbo.

Saraita:

zie ratu (2).

Sarèn:

zie kêbo.

Saron:

(= salundhing), saka anggite Prabu Kano (= Kanwa) ing Mêndhangkamulan (Purwacarita) nalika taun 376 zie Kano.

Sruni Kw.:

sarunya D.N.K. 66.1.A.

Sruni:

wangsalan Tjent. tan patut ing gêndhing, olèh dening saru.

sruni (gamêlan).

sruni zie Mêt. Mat. no.8.

anane gamêlan srunèn ginawe tabuhaning prajurit, ricikane: bêndhe, kêmong, ganjur, suling, têtêg, pamatut, sarta sauran, iku yasane Prabu Brawijaya ing Majapait. sinangkalan: wêlut wolu dhêsthining janma = 1283

Srandu ukiran:

Ing ngisor iki sranduning gamêlan kang padha mawa pêncu kaya ta: kêthuk, kênong, gong, kêmpul sapanunggalane sarta wilahan kang mawa pêncu padha bae, kaya ta: rai, rêcêp, kamilan, kumba pucu, dudu, tikêl, têngahan bau, lolohan, lambe, pucuk pêncu, para, pok pêncu, manis dudu, gegesan, zie gambar kênong.

Srandu kêris:

Ing ngisor iki sranduning kêris luk, utawa bênêr padha bae arane, kaya ta: êndhas cêcak, ada-ada, sogokan wadidang, wêtêng wilah, lambe gajah pucuk, pêsi, pejetan, (= blumbangan), jalèn, jenggot, gandhik, grènèng, blumbangan (= pejetan).

Srandu katuranggan (jaran):

Untu kang cilik sarta rêntêt, apadene mêtu ing pucuk, tuwin ing pucuk kang andêngkèng mêtu, iku manjing marang kabagusan sarta burus atine.

Êndhas kang gêdhe cêndhak, manjing marang kabagusan, andhêman, kang kiyat, kiwa têngên kang anjêngkêrut, watêke rosa.

Unyêng-unyêngan kang dumunung ing cithak, sarta kang kiwa ubênge watêke burus atine.

Irung, ukêle kang ngêlung pakis, manjing marang kabagusan.

Idêp, kang lômba sarta kang rêmpêg jajare watêke ora wêdèn.

Uwang kang anggobok kalimis, manjing marang kabagusan.

Ilu kang putih sarta kang gêtas, watêke ènthèng lambene.

Ula-ula kang mapah gêdhang sarta kang gilig balunge, watêke kapenak tunggangane.

Ilat, kang cilik sarta gilig, watêke boros utawa lana atine.

Iga kang ngupih mayat, manjing marang sêmbadaning wujud.

Ugêl-ugêl, kang ngêlung waru, watêke kapenak tunggangane, sarta bagus rupane.

Na

Catu (pucuking lambe kang dhuwur) kang lancip watêke angraita, sarta manjing marang kabagusan.

Clêkuthikan, (kruwingan kang ana sajroning tracak) kang jêro, watêke bêcik trajange sarta rikat playune.

Calung (wiwit wadidang mangisor têkan ing dhêngkul) kang gêdhe gèpèng, sarta kang kêncêng watêke rikat playune, sarta ènthèng junjungane.

Coblong, kang bundêr sarta kang jêro lêkoke, manjing marang kabagusan.

Cêthik, kang dhuwur pandhukule, manjing marang sêmbadaning wujud.

Cithak, kang jêro lêkokane, manjing marang kabagusan.

Ra.

Kuncung kang ngumbala mawur, watêke bantêr utawa akèh atine, lan manjing marang kabagusan.

Kintêl, kang ngulêr jêdhung, watêke ènthèng lambene, lan manjing marang kabagusan.

Konthol, kang dhapur ngalak ambing (woh) watêke rosa.

Kucur (= wulu wajik) kang nguku Bima, manjing marang kabagusan.

Kutis, kang mandhukul mayat, marakake sêmbadaning wujud.

Kalèn, kang dawa lan kang jêro lêkoke, watêke têlung prakara, 1. dhuwur junjunge, 2. rikat playune, 3. bagus rupane, jujur atine.

Kulit, kang tipis sarta kang kandêl daginge, watêke akèh atine utawa bantêr.

Kuping kang kaya dhapuring wuluh katigas, utawa kapancas, watêke rosa sarta manjing marang kabagusan.

Kêmpung kang ambêdhadhag, kalêbu wilanganing sêmbada.

Da.

Tracak, kang nanjung sarta alus sêrate, kajaba bêcik rupane, watêke rikat playune sarta bêtah.

Tlapikan, kang tipis sarta malulang garing, têgêse kang grayange mêmês kaya walulang garing, kajaba rupane bêcik, watêke kumrisik atine.

Tlapukan, kang kandêl, kalêbu praboting kabagusan.

Têpak, kang gêdhe sarta mayat, rupane pantês sarta sêmbada, watêke rosa.

Tapakkijang kang jajar sarta ora ambalèbèr marang gusi, watêke lana atine.

Tiyang, titiyang kang jajar, watêke tulus atine.

Tunggarana kang gêdhe sarta ngêndhas têkèk, watêke rosa.

Suri kang tipis mawur, watêke kumrisik atine, utawa bantêr.

Sikil ngarêp kang anjanma, iku bagus rupane.

Silit, kang mapon iku bagus rupane.

Supit (lêdhokaning tracak sangisoring kucur), kang rapêt, watêke awèt karosane.

Siyung kang sêdhêngan gêdhene, watêke burus atine.

Wiron (jêngkêrut kang tinêmu ana kiwa têngêning andhêman), kang ganjil wilangane, watêke burus atine.

Wadidang kang wangun bengkoking arit, manjing marang kabagusan.

Wulu kang tipis sarta pandhês, kajaba rupane bagus, watêke kumrisik atine, utawa bantêr.

Wadhuk, kang ambêdhadhag, manjing marang wujud sêmbada.

Wayang kang tipis sarta kêngkêng, kajaba rupane bagus, watêke rosa.

Wangkong kang ômba manjing marang kabagusan.

La.

Pancadan, kang mandhukul, manjing marang kabagusan sarta wujud sêmbada.

Pacèt, kang cilik sarta gilig, manjing marang kabagusan.

Purus, kang gêdhe cêndhak, watêke rosa.

Praya (bokmanawa bênêre: naya) kang anjanggurêng, nanging kang sêmu sarèh, watêke lana atine.

Pasu, kang mungkal gêrang, marakake bagus rupane.

Pusêr, kang adoh karo purus, watêke bêtah mlaku.

Palintangan (unyêng-unyêngan kang ana sangarêping purus), kang amba, watêke dawa umure.

Pipi, kang kandêl daginge, marakake pantêsing wujud.

Pupu, kang mukungmukang. gangsir, manjirmanjing. marang kabagusan.

Pudhak, kang landhung, manjing marang kabagusan.

Pathak, kang warata sarta kang amba, manjing marang kabagusan.

Pangkul, kang nyupu, manjing marang kabagusan.

Jalak, kang dhapure kaya gigiring kintêl, watêke rosa.

Juluk, kang dhuwure ngungkuli jalak, manjing marang sêmbadaning wujud.

Jiling kang mandhikil, manjing marang kabagusan.

Jompong, kang gêdhe dawa, manjing marang sêmbadaning wujud.

Janggut, kang dhapur kaya jangkang, bagus rupane.

Janggêl, kang gêdhe dawa sarta kang gèpèng, watêke rosa.

Ja.

Nya.

Ma.

Gandhik, kang kiyal, watêke rosa.

Garês, kang malira, watêke cikat trajange sarta rikat playune.

Gusi kang rata, watêke burus atine.

Gulu, kang amba ngisor, kang gilig dhuwur, bagus sarta sêmbada rupane.

Galêr, kang anggaligir, manjing marang karosan.

Gêdhog, kang andalêjêr dawa, watêke rosa.

Buntut, kang manggah pucang, watêke lana atine.

Bokong, kang dhapur nyangkok imba, utawa anyangkok maja, manjing marang kabagusan.

Bobat, kang kêngkêng, manjing marang karosan.

Bangar (lèng irung) kang amba, manjing marang kabagusan tuwin wujud sêmbada, watêke bêtah playune.

Bungur, kang grayange kaya walulang garing, watêke rosa.

Ta.

Nga.

Srandu warôngka kêris ladrang.

Ing ngisor iki sranduning warôngka kêris ladrang, kaya ta: antup-antupan, ada-ada, angkup, ri cangkring, ri pandan, papakan, janggut, gandar, godong, gambar, zie gambar warôngka ladrang.

Srandu warôngka kêris gayaman.

Ing ngisor iki sranduning warôngka kêris gayaman, kaya ta: antup-antupan, ukêl pakis, ri cangkring, lambe gajah, janggut, gandar, gambar zie gambara warôngka gayaman.

--- 2 : 896 ---

Srandu kêbo sapi:

Srandu, pêthèk lan pêcahane iwak kêbo, apadene arane wong jagal sapêpadhane, kaimpun marang Ngabèi Dirjapranata abdi dalêm panèwu pulisi kalang, kang ambawahake kampung ing Jagalan, ing mêngko kaurutake dêntaywanjanane marang Ngabèi Wirapustaka abdi dalêm mantri pamijèn Radyapustaka ing Surakarta, nalika taun Ehe ôngka 1828.

Pêthèk gêdhening ati katêngêran ôngka rum I, Pêthèk karosan, katêngêran ôngka rum II ... Kanggo adu-adu

Pêthèk olah kaprigêlan, katêngêran ôngka rum III.

Untu kêbo ngisor dhuwur sarta wang ngisor cacah 36 iji.

Kêna ginawe bênik sarta kêna ingobong kayadene kayu, dene awune kêna ginawe rabuk.

Yèn untu iku cilik-cilik sarta warata, watêke ora kakon atèn, (pêthèk I)

Êndhas cêcak, daging putih kaworan otot, kagodhog kanggo duduh-duduhan.

Andhêman (= dhadha) kang jêmbar, watêke nguwatake pangarêpan, (pêthèk II).

Unyêng-unyêngan, cacah sarta panggonane mèmpêr kaya unyêng-unyêngan jaran, dene kang tamtu ana, cithak lan jagad.

Irah-irahan, daging ala sajroning êndhas.

Irung kang ciyut lan kang dawa, watêke landhung napase (pêthèk III).

--- 2 : 897 ---

Adaini, otot gêdhe dalaning gêtih mung kêna ginawe rambak.

Idêp, kang rêmpêg sarta kang lômba, watêke ora kagêdhèn nêpsu (pêthèk I).

Ati tanggal, siwilaning ati rupane wungu kaya tanggaling côndra, kanggo gorengan, duduh-duduhan lan bakaran.

Ati gêdhe saburining klamar, rupane wungu, kanggo id.

Utak, ana sajroning pathak, rupane putih, kagodhog banjur kagorèng, utawa kasambêl gorèng.

Otot campur, (otot tracak têkukan dhêngkul kandêl rada gèpèng), kanggo ancur lin, lan kanggo sajèn ing nagara Cina.

Otot gunting (sajroning otot campur kandêl cawang) kanggo id.

Otot gêgêr, kanggo id.

Otot gung (otot ing kêncèt rupane gilig) kanggo id.

Iso, ngrompol ana sangarêping babat saburining klamar, isi banyu lan talethong, kagodhog banjur kagorèng

Iso sêrêgan isi gajih id.

Iso lamak ati, isi banyu lan talethong id.

Iso pang, isi banyu id.

--- 2 : 898 ---

Iso bunton, isi gajih id.

Iso bol, isi banyu lan talethong id.

Iso bolok id.

Iso bêngkuk, isi banyu id.

Iso thithèt, isi tlethong id.

Asinan sêntil, daging putih kiwa têngêning sêntil, kagodhog kanggo duduh-duduhan.

Asinan silap, daging putih kabuntêl ing gajih sangisoring silap (sampil buri) kanggo bakaran, gorengan lan duduh-duduhan.

Asinan pipi, daging abang putih kêbuntêl ing gajih ana sangisoring pipi, kanggo gorengan lan duduh-duduhan.

Asinan buncit, daging bêcik, nanging cilik, ana ing gulu sangarêping pundhak (sampil ngarêp), kanggo dhèndhèng lan gorengan.

Iwak kang ora kalêbu ing perangan kaya ing ngisor iki:

Otot gêdhe wiwit ing gulu tumêka ing buntut.

Cacahan.

Kikil papat.

Sumbang.

Walulang kêbo siji.

Dhidhih kêbo siji.

Bencok.

Balung cicir, kropyak, kulung, pakêm, dhigul.

Babat saundhuhan.

--- 2 : 899 ---

Ilu kang pêra sarta kang bêning, watêke ora riwut kanêpsone (pêthèk I).

Ula-ula kang mapah gêdhang, watêke rikat aju unduring ulahe (pêthèk II).

Ulur rambut, daging bêcik cilik dawa tumèmpèl ing cêthik, kêna pinangan mêntah dadi usadaning kuwat.

Ulur jêro (ana sajroning ula-ula tumèmpèl ing balung)

Daging bêcik, kadhèndhèng utawa kaolah liyane.

Ulur gantung (tumèmpèl ing rongkong) daging bêcik sêrate alus, kang sayoga kadhèndhèng.

Olor (gajih isining balung) wiwit cêngêl tumêkaning buntut.

Olor krepyak, (isining balung krepyak, rupane putih sêmu kuning) kanggo pès-pèsan, utawa kêna ginawe tômba.

Olor kulung (isining balung kulung, rupane gilig putih sêmu kuning) ingêpès.

Olor pakêm (isine balung pakêm, rupane putih sulak kuning) ingêpès.

Olor dhigul (isinine balung dhigul, rupane gilig putih sêmu kuning) ingêpès utawa kêna ginawe jamu.

Olor buntut (isining balung buntut, rupane gilig putih sêmu kuning) ingêpès.

Êlêd-êlêd (jèjèr karo gurung) iya iku impês cilik dawa wadhah candu.

--- 2 : 900 ---

Ilat zie lidhah,

Ilat iku kang kumêl cêkêle lunyu, watêke ajêg nêpsune (pêthèk I).

Ulat zie praya.

Alis kang turut lan wulune, watêke ora cilikan atèn (pêthèk I).

Upih, pawakan kang ngupih (dawa gèpèng utawa tipis) watêke ajêg kuwanène (pêthèk I).

Ayam-ayam, kêletan balung ula-ula sangisoring lêmungsir, daging kawoworan otot lan gajih, kanggo duduh-duduhan.

Ampih-ampih, daging bêcik sêrate agal lêr-lêran (sampil ngarêp) kanggo gêpukan, utawa suwiran.

Impês, wadhah uyuh, rupane bundêr bulug, kanggo wadhah lênga.

Iga, kang landhung sarta kang warata watêke narik marang kuwate adêge (pêthèk II).

Ugêl-ugêling tracak, kang gêdhe sarta kang sêmbada, watêke rosa sarta akèh pratingkahe (pêthèk III).

Abêtan, daging bêcik anggajih sêrate alus, sangisoring limas (sampil buri) kanggo dhèndhèng.

Enggok-enggokan iga, daging kaworan balung nom lan gajih, ing pucuk iga, kanggo duduh- duduhan.

Cacahan, daging kang isih kêlèt ana ing balung ula-ula, wiwit cêngêl têkan ing buntut, dadi têbasan

--- 2 : 901 ---

zie iwak bov.

Cicir, balunging buntut sanggitan cilik-cilik, kanggo laru kayu lan rabuk.

Cècèk, walulang sawise kakêrok kagodhog banjur kairis-iris lan banjur kaêpe.

Curi, balung kang katancêban sungu, kêna kaobong kanggo kayadene kayu, sarta awune kanggo rabuk.

Catu kang sirung jêgonganing tracak, watêke kukuh tumapak ing lêmah (pêthèk II).

Cuwêr pok kuping ing jêro, lêmpitan kaya plèrèt, kagodhog kanggo iwak monjit. Têmbung cuwêr ks = kuping, zie Warnabasa blz. 232.

Calung (dalèr lêkiking pupu ngarêp tutug iringaning andhêman têpung ing gulu) kang dawa, watêke luwês panggiware (pêthèk III).

Cupu, adon-adoning balung sampil buri, rupane putih kaya êndhog, kanggo laru kayu lan rabuk.

Coblong (lêkokan sadhuwuring alis) kang jêro, watêke têtêg (pêthèk I).

Cêthak cilik, daging putih kakag, ana ing gusi jêro, kagodhog banjur kagorèng, utawa kanggo duduh-duduhan.

Cêthak gêdhe (tumèmpèl ing balung cêthak) daging putih anjêngkêrut, kagodhog banjur kagorèng, utawa kanggo duduh- duduhan.

Cêthik (sadhuwuring kêmpung) kang mungal, watêke rosa

--- 2 : 902 ---

prigêl panyepake (pêthèk III).

Cêthik dawa, daging bêcik dawa ana ing cêthik, nyalèntrèng kanggo dhèndhèng kripik.

Cêthik bundêr, daging bêcik wangune bundêr, gêdhene sapiring ana ing cêthik bênêr, kang sayoga kadhèndhèng.

Cithak, unyêng-ungêngan ing bathuk, kang mubêng ngiwa, watêke ajêg prayitnane (pêthèk I).

Congor lambe dhuwur ing jêro rupane putih, kagodhog banjur kagorèng utawa kanggo duduh-duduhan.

Kang muni ing layang carita sèwu siji bêngi = 1001 N.I. 382-7 v.o. congor iku irunging kewan, iki lambening kewan, êndi kang bênêr.

Cènggèr, daging kothot sangisoring punuk, kanggo soto.

Rêmpêlu, rupane kaya pao-pao isi banyu irêng sêmu ijo tumèmpèl ing ati gêdhe, kanggo tambane wong lara abuh.

Rambak iku kang ginawe: kikil, sayadan, walulang gêdhe, palanangan lan dhigul.

Koncèr dêlêg, daging abang kaworan daging putih, ing pundhak tutug ing dhadha (sampil ngarêp) kanggo duduh-duduhan.

Koncèr dhadha, daging putih kaworan daging abang ing kiwa têngêning dhadha, kanggo monjit.

--- 2 : 903 ---

Koncèr gogog, daging putih kaworan daging abang, dawa ana ing cêngêl kiwa têngên, kang sayoga kanggo brongkos utawa pindhang.

Kintêl (lambe gôngsa ngapit untu ngisor kiwa têngên), kang wirut watêke ora wêgahan (pêthèk I.).

Konthol (kaya siwalan) kagodhog kanggo krècèk. Konthol iku kang bundêr miring, watêke kêsit pratingkahe (pêthèk II.).

Kêcèr (pêdhotan kumol sampil, bongkol kandêl, pucuk tipis), kanggo dhèndhèng kripik.

Kacangan (pok kuping ing jêro rupane putih) kagodhog banjur kagorèng, utawa kanggo brongkos.

Krècèk, kang ginawe walulang kagodhog banjur kairis-iris, banjur dipe lan diungkêb, wusana kagorèng.

Keris (daging tipis satêbah ana sangisoring babon), (sampil ngarêp) ginawe dhèndhèng kênthing.

Kikil papat zie iwak.

Kutis (sadhuwuring punuk) kang dhuwur warata, watêke mikuwati gigir, (pêthèk II.).

Ketelan (daging putih pinggir tracak ngisor) kagodhog kanggo duduh-duduhan.

Kisi (daging kaworan otot rangkêpaning gandhik) kang dawa watêke kukuh adêge, (pêthèk II.).

--- 2 : 904 ---

a. kisi daging, daging kaworan otot sadhuwuring kêcèt (sampil buri) kanggo êmpal. b. kisi tunjung, daging bêcik sarta gêdhe, jajar karo kisi jangan (sampil ngarêp) kang sayoga kadhèndhèng. c. kisi jangan, daging dawa kaworan otot (sampil ngarêp), ginawe êmpal.

Kawêt, daging kaworan otot, sangisoring silit sacêdhaking konthol, kagodhog ginawe êmpal.

Kawêt iku kalêbu golonganing otot kang kêncêng tipis, watêke kuwat marang saranduning awak (pêthèk II.).

Kuwalon zie daging kuwalon.

Kulit, kang tipis sarta kang garing, watêke rikat tandange, sarta bêtah ing lara (pêthèk III.).

Klêpon = pranakan, pating prênthil anggajih, kagodhog kanggo gorengan.

Klamar, kêndhangan ngêlêt-êlêti iso lan babat nurut pungkasaning iga, kanggo rambak, utawa kanggo kêndhangan cina nambur.

Klambit, daging putih ngêmuli wêtêng, kagodhog kanggo duduh-duduhan, utawa kêna ginawe rambak.

a. klambit êndhas, daging putih tipis ngêmuli pipi kaya walulang, kagodhog kanggo rambak kupat monjit. b. klambit curi, kêndhangan kang ngêmuli curi, kagodhog kanggo rambak.

--- 2 : 905 ---

c. klambit pucak, kêndhangan kaworan daging putih anggajih, ngêmuli sampil kang jêro (sampil buri), kanggo rambak. d. klambit dhadha, daging putih koyoran, ngêmuli daging dhadha, kanggo monjit. e. klambit gulu, daging putih tipis ngêmuli daging gulu, kagodhog ginawe krècèk monjit.

Kulung, daging kaworan otot, tumèmpèl ing balung ula-ula ing jêro, kagodhog ginawe êmpal.

Kêpuh, daging kaworan otot, sangisoring gandhik (sampil buri) kanggo êmpal.

Kapur = susu putih anggajih, kagodhog kanggo gorengan, utawa bakaran.

Kuping kabakar banjur kagodhog, pinêcêl karo santên. Kuping iku kang bêcik kaya angkuping tuntut gêdhang, watêke mikuwati marang karosaning êndhas (pêthèk II.).

Kadhalan, daging abang kabuntêl ing sayadan ana sangisoring pipi, mung kanggo duduh-duduhan.

Kadhalan jamang, daging ing cêngêl rupane putih, kagodhog banjur kagorèng, utawa ginawe brongkos.

Kijing, daging bêcik sapinggiring kumol (sampil buri), kanggo dhèndhèng utawa bakaran.

Kumol, daging bêcik anggajih sêrate alus, sangisoring limas (sampil buri) kanggo dhèndhèng.

Kêmpung (sadhuwuring lêmpèng) kang lêga, watêke rosa pamutêre (pêthèk III.).

--- 2 : 906 ---

Kêbuk zie maras.

Kèbèt. a. kèbèt iga, daging koyoran tumèmpèl ing iga, kagodhog kanggo duduh-duduhan. b. kèbèt lêmungsir, sesetan iga, daging kaworan sayadan, kanggo duduh-duduhan utawa bakaran. c. kèbèt pêlok, daging tipis sêrate alus, sadhuwuring dhêngkul (sampil ngarêp), kanggo dhèndhèng kripik.

Dêlêg, daging bêcik gêdhe, ing pundhak (sampil ngarêp), ginawe dhèndhèng.

Dagang, kulakan adol kêbo.

Daging: êlêt-êlêt, cêdhak gurung, daging putih kaworan abang, ingulah duduh-duduhan.

Daging kuwalon, daging kikil buri, rupane putih kanggo duduh-duduhan.

Daging buntut, daging kaworan balung, kanggo duduh-duduhan.

Tuntut, rupane wungu kaya tuntut gêdhang, ana pungkasaning gurung saka ing ilat, kagodhog banjur ginorèng.

Tunjung, daging gilig kaworan otot, (sampil ngarêp) kang sayoga ginawe êmpal.

Tracak, kanggo jungkat wadon.

Tutup cêthik, daging bêcik ana pungkasaning cêthik [cêthi...]

--- 2 : 907 ---

[...k] buri, kanggo dhèndhèng kripik.

Tala, daging putih kaworan gajih, ngêmuli tuntut kang cêdhak gurung, kanggo rambak.

Tlêcêr, daging bêcik tipis dawa tumèmpèl kiwa têngêning lêmungsir, kanggo duduh-duduhan.

Tlusuk, daging bêcik kaya cêngkir, ana satêngahing babon, rupane ambadhudhug (sampil ngarêp) kang sayoga ginawe dhèndhèng.

Tlabikan, (têpaking sikil buri), kang ômba, watêke prigêl panubruke (pêthèk III).

Tlethong, ana sajroning babat, lêmês, akas utawa isih dadi sukêt, kanggo rabuk.

Têpak, kang warata, watêke jêjêg adêge (pêthèk II).

Tigasan, ing gulu, koyoran dawa kaworan gêtih.

Têbasan

Araning iwak kang kalêbu perangan têbasan kaya ing ngisor iki: Impês, kêbuk, sanggar, wayang, lidhah en zie sigar.

Tangi, mêcah-mêcah iwak kêbo, sawise kêbo ditugêl êndhase marang gubêl, banjur dikêlèti sarta dipêcah-pêcah lan dipara-para, sarampunge banjur mulih saka ing kandhang bae, buruhane ing dalêm kêbo siji rupa dhuwit f 1, 25 utawa f 1, 50, nganggo anggawa

[...]Terdapat 2 halaman kosong, tanpa nomor halaman.

--- 2 : 908 ---

iwak pêthilan kira payu f 1 utawa f 2, 50.

Tangkar, daging kaworan gajih tumèmpèl ing balung tangkar, kanggo duduh-duduhan utawa bakaran.

Tangkêb, daging abang sapinggiring pipi ing jêro, kanggo dhèndhèng.

Sêntil, daging putih ing balung têlak ing dhuwur, kagodhog kanggo duduh- duduhan.

Serehan, pêthilan daging bêcik kadarbe ing tangi.

Sarèn abang, ampasing dhidhih kagodhog.

Sarèn putih, sarining dhidhih kasaring ing irig, banjur kagodhog.

Sorog, daging bêcik sêrate lêmbut, krakêt ing balung têpak (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng.

Suluhan, bêdhahan mripat, ing jaba irêng ing jêro putih bolong, kagodhog kanggo iwak monjit.

Silit, kang mawon (kaya pawon) watêke luwês ajune (pêthèk III).

Sêlap, daging bêcik sêrate kasar, cêdhak kawêt (sampil buri) kanggo suwiran utawa abon.

Sapitan, daging putih sangisoring thingil, kagodhog kanggo duduh-duduhan.

Supit (sêlaning tracak) kang jêro, watêke luwês rosa pamutêre (pêthèk II).

Sayadan, ula-ula ing jêro jalakan têkan silit, daging putih koyor kanggo rambak.

--- 2 : 909 ---

Sayadan iga, kêndhangan kaworan daging putih ngêmuli iga.

Sayadan curi, daging tipis rupane putih sajroning sungu tracak, kanggo rambak.

Sayadan kropyak, êlêt-êlêt sambunging balung ula-ula, rupane bundêr sagodhong dhadhap, kanggo rambak.

Sayadan tangkar, daging putih ngêmuli lêmpèng, kagodhog kanggo duduh-duduhan, utawa kêna ginawe rambak.

Sayadan sapitan, kêndhangan ngêmuli clêkuthikan, kanggo rambak.

Sayadan dhigul, sambungane balung jalakan tutug ing gêgêr, rupane bundêr satêbah-têbah, kanggo rambak.

Sayadan balung garês, daging putih tipis ngêmuli garês, kanggo rambak.

Sayadan babat, kêndhangan kaworan gajih ngêmuli babat, kanggo rambak.

Sumping, daging tipis kaworan gajih, sangisoring silap (sampil buri), kanggo dhèndhèng.

Sumbang, daging kêbuntêl ing sayadan, kaya kalong, ana gantilaning ati, kanggo abon rêmus en zie iwak.

Sigar

a. = sasigar (paron bênêr) mung boyok dhuwur, boyok ngisor lan têbasan, ora katut, araning iwak sasigar mau kaya ing ngisor iki:

--- 2 : 910 ---

b. ati saparo, ulur jêro, ayam-ayam, ampih-ampih, iga, abêtan, cêthik, kêris, kisi daging, kisi jangan, kulung, kêpuh, kapur, kumol, dêlêg, tunjung, tlusuk, silap, sumping, wali, lawanan, Sogokan, daging abang kaworan otot, loloh, limas, lêmungsir, punuk, pênthul, pakwalang, pêlok, planggodhong, pudhak, pêcêl, pang êndhas, dhadha cilik, dhadha gêdhe, jambal, gandhik, ginjêl, gèmbèl, gèthèng, bêdhudhug, babon

--- 2 : 911 ---

ana ing gulu, kang sayoga ginawe êmpal, utawa abon.

Sabrangan, daging ing cêngêl, rupane putih, kagodhog banjur kagorèng, utawa ginawe brongkos.

Sungu, rupa irêng utawa putih (bule) gêdhe paedahe, kang bongkot bolong kanggo jungkat, kang pucuk buntêt kanggo garan lading, suwêng lan liya-liyane.

Sungu wajik, rupane kaya jêbug, mung kanggo kayu.

Sungu iku kanga. nyagak talang, b. ngêmbang plasa ... bongkot gêdhe pucuk cilik, nyagak talang êluke rada ngadêg, ngêmbang plasa êluke turut sarta gilig, watêke rosa sarta olehan (pêthèk III).

Sungsum, isine balung garês, kanggo woworan bumbu, pêcak enz.

Sungsum calêkuthikan, Sungsum sampil buri ... id.

Sanggar, sambunging lidhah karo gurung, daging kaworan balung nom, ingulah duduh- duduhan.

Wulu irêng, utawa ana kang sêmu abang tuwin putih, kanggo isèn kasuran lapak.

--- 2 : 912 ---

Wulu iku kang bêcik pandhês, watêke kêsit sabarang tingkahe (pêthèk III).

Walulang êndhas gêdhe paedahe dinagang marang tanah Eropah kanggo bêkakas lan pakeyan kareta sapanunggalane, yèn ginodhog ginawe krècèk utawa rambak.

Walulang êndhas, ing jaba irêng, ing jêro putih, kang sayoga ginawe krècèk, utawa rambak.

Walulang kikil, kanggo krècèk, utawa rambak.

Walulang kêbo siji zie iwak.

Walulang buntut, ing têngah bolong kanggo brongsong sangkal, utawa garan lading lan liya-liyane.

Wajik zie thingil.

Wayang, otot gulu ing dhuwur, rupane kuning ômba dawa kagodhog ginawe abon rêmus. Wayang iku kang kêncêng, watêke mikuwati gulu (pêthèk II.).

Wangkang anggobog, sarta micis, watêke rikat molahake êndhas (pêthèk III.).

Wangkong (buthung utawa balung kêmpung) kang mungal, watêke luwês undure (pêthèk III.).

Lawanan dêlêg, daging tipis koyor, ing pundhak tutug ing dhadha, (sampil ngarêp) kanggo duduh-duduhan.

Loloh, daging kothot sakiwatêngêning punuk, [pu...]

--- 2 : 913 ---

[...nuk,] mung kanggo saoto.

Loloh gigir daging kothot saburining punuk, iya mung kanggo saoto.

Lidhah, daging kang mirasa dhewe, kêna dimasin lan ingolah sabarang.

Lamak ati, gantilaning ati, daging putih kawoworan gajih, kanggo gorengan, duduh-duduhan lan bakaran.

Limas, daging bêcik pungkasaning ula-ula, anggajih sêrate alus, cêdhak ing buntut kapa buri (sampil buri) kanggo dhèndhèng. Limas iku kang warata, watêke rosa aju undure (pêthèk II.).

Limpa saringan gêtih, jajar karo buntut, kagodhog banjur ginorèng utawa binakar.

Lambe gôngsa ing jêro, tumèmpèl balung cêthak, daging putih pating jêngkêrut, kagodhog kanggo gorengan, utawa duduh-duduhan.

Lambe gôngsa ing jaba sajroning cangkêm, ing ngiringan cêthak bam, rupane putih pating cringih, kagodhog pinêcêl karo santên.

Lêmungsir, manggon ing ula-ula satêngahing gigir, tutug ing cêthik, daging bêcik, kang sayoga dhewe ginawe dhèndhèng.

Pancadan (balung kèlèk sikil ngarêp) kang gêdhe

--- 2 : 914 ---

watêke rosa lan rikat panggiware (pêthèk II.).

Punuk, daging bêcik sêrate agal, kiwa têngêning jalakan (sampil ngarêp), kanggo gêpukan sarta suwiran, en zie juluk.

Pênthil, putih anggajih, kagodhog kanggo gorengan, utawa bakaran.

Pênthul, daging bêcik bundêr sêrate kasar, sajroning silap tèmplèk balung (sampil buri) kanggo dhèndhèng mirasa dhewe.

Pocok, Wong mocok iku buruh mikul iwak saka ing kandhang têkan ing omahe jagal, utawa saka ing omahe jagal marang pasar, buruhane miturut doh cêdhaking panggonan.

Pacêt (sangisoring tlapukan), kang nglintah, watêke ora cilikan atèn (pêthèk I.).

Paru = kêbuk. Kêbuk sawise kagodhog banjur kadhèndhèng sarta sawise garing aran: paru, en zie maras.

Purus (= palanangan), kang gêdhe cêndhak, watêke mikuwati marang awak sakojur (pêthèk II.).

Praya (= ulat), kang sêrêng nanging kang manis, watêke ajêg kaelingane (pêthèk I.).

Pringsilan, kagodhog kanggo gorengan, utawa

--- 2 : 915 ---

bakaran.

Pakwayang (saburining têpak ngarêp, tutug ing gigir gathuk lan lêmungsir) daging bêcik kanggo dhèndhèng.

Pok lidhah, daging kang mirasa dhewe, kêna ingolah sakarêpe.

Pakêm, daging kothot ing buthung, kagodhog kanggo gorengan, utawa duduh-duduhan.

Pasung (sadhuwuring bungur), watêke narik marang karosaning sungu (pêthèk II.).

Pêli gilig dawa kanggo tali rambakan, en zie purus.

Palanangan zie purus.

Pêlok, daging bêcik lêmbut sangisoring sorok (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng. Pêlok iku wujud putih kaya dhuwit wukon ana ing pipi kiwa têngên, kang galit? utamane sêpi, watêke akèh pangarahe (pêthèk I.).

Plang godhong, daging tipis kaworan sayadan, ana ing lêmpèng rada ngisor.

Pipi, rupaning daging abang sarta alot, mung kêna ginawe brongkos, utawa saoto.

Pupu, kang nyuthang gangsir, watêke mikuwati undure (pêthèk II.).

Pudhak, daging kawoworan otot, ing

--- 2 : 916 ---

lêmpèng jêro (sampil buri), kanggo êmpal.

Pathak, sadhuwuring bathuk, kêna diobong kayadene kayu, sarta awune kanggo rabuk. Pathak iku kang warata, watêke ora cugêtan atèn (pêthèk I.).

Pêthêl, daging tipis sangisoring pang êndhas, rupane kaya gandhik (sampil ngarêp) ginawe dhèndhèng kênthing.

Pêthilan, daging ala kadarbe ing gubêl.

Pang êndhas, daging kaworan otot, sangisoring babon (sampil ngarêp) kagodhog ginawe êmpal.

Dhali, daging bêcik satêbah kêpalaning lêmungsir cêdhak buntut, kang sayoga kanggo dhèndhèng.

Dhidhih = gêtih, gêtih isih ana ing kênthèng (pangaron tadhah gêtih aran: dhidhih = dhidhèh spr. en zie iwak.)

Dhêngkul, kang gêdhe: watêke kuwat ajune (pêthèk II.).

Janur, balung nom rupane putih dadi ototing irung, pinêcêl karo santên.

Juragan, dagang kêbo ngiras jagal sarta nglakokake dhuwit.

Juluk, utawa punuk, kang munggul, watêke mikuwati gulu (pêthèk II.).

Jiling, kang bênggang, watêke luwês panggêbange (pêthèk

--- 2 : 917 ---

III.).

Jompong (bangsaning sungu), kang mungal, watêke tansah prayitna (pêthèk I.).

Jambal, daging kaworan gajih ana ing lêmpèng, kadhèndhèng utawa kabakar têlês.

Jamang, daging ing cêngêl saburining sungu, rupane abang kaworan otot, kang sayoga ginawe êmpal, utawa abon.

Jagal, tukang nyêmbêlèh kêbo sabên dina, kêbo olèhe tuku dhewe, utawa mung andadèkake duwèking juragan.

Jung, sajung kapara papat arane kang 2 bagean: jung nêm, 2 bagean: jung têlu.

Jung nêm. Araning iwak kang kalêbu perangane jung nêm, kaya ing ngisor iki: ati, pakwayang, ulur jêro, pêlok, abêtan, dhali, kêpuh, jambal, kumol, gandhik, silap, ginjêl, sumping, gèmbèl, limas, gèthèng, lêmungsir, babon, pênthul

--- 2 : 918 ---

Jung têlu. Araning iwak kang kalêbu perangane jung têlu, kaya ing ngisor iki., ayam-ayam, tangkar, ampih-ampih, lawanan, iga, loloh, cêthik, punuk, kuncung, plang godhong, kêris, pudhak, kisi daging, pêthêl, kisi jangan, pang êndhas, kulung, dhadha cilik, kapur, dhadha gêdhe, dêlêg, bêdhudhug, tunjung, babon, tlusuk, Janggut ampih-ampih, daging kaworan otot, krakêt ing balung (sampil ngarêp), kanggo êmpal utawa abon. Janggut iku kang kandêl watêke luwês panyukite (pêthèk III.)., Maesan (dalèr sêmbêlehan ing cêkok) kang sêpi, watêke bêtah ing lara (pêthèk I.)., Maras, iku jajar karo tuntut, rupane abang, kagodhog banjur kagorèng, yèn kairis kandêl-kandêl [kandêl-ka...]

--- 2 : 919 ---

[...ndêl] aran: kêbuk, yèn tipis-tipis aran: paru.

Mata bundêr gèpèng, saparo irêng saparo putih, kêna ginawe sajèn, yèn ingolah mung ginorèng utawa ingêtim.

Mata iku kang nglele mati, watêke tahan ing lara (pêthèk I).

Gandhik (sampil ngarêp), daging kaworan otot, kang sayoga kanggo dhèndhèng.

Gandhik (sampil buri), daging bêcik ora kaworan otot, id.

Gandhik iku kang malang, watêke kuwat adêge (pêthèk II).

Gêndhok (= pênthul ana ing pupu buri) kang kandêl, watêke kuwat undure (pêthèk II).

Ginjêl, kaya ati gêdhene sakluwak, ana ing gronggongan, nanging katut pakwalang, kang sayoga ginorèng sarta tinêrik.

Grabyas, sayadaning gajih, kêna ginawe rambak.

Gurung, balung nom poking ilat têkan tuntut, kanggo gorengan utawa duduh-duduhan.

Gitik, daging bêcik sangisoring babon, (sampil buri) kanggo dhèndhèng.

Gusi kang tipis, watêke atine ora nyêrang (pêthèk I).

--- 2 : 920 ---

Gulu, kang gêdhe dawa, watêke rosa luwês panyudhange (pêthèk III).

Gêlêng (wujud malang ana ing iga nurut ujuring awak), kang mêmbat, watêke kuwat marang aju unduring tingkahe (pêthèk II).

Gêdhe dhuwur turut, watêke rosa ing sakabèhe (pêthèk III).

Gajih ulur, dikrèngsèng, lêngane dadi kêndhal, kanggo lilin sarta malam, sayadaning gajih aran grabyas.

Gajih impês.

Gajih cangklakan.

Gajih topong (gajih ing babat sumping).

Gajih tangkar.

Gajih tênggok.

Gajih sumbang (gajih kaworan sayadan, ing gantilan sumbang lan ati).

Gajih walêr (gajih ing babat).

Gajih wadhuk.

Gajih limas.

Gajih pakwalang.

Gajih dhadha.

Gajih jambal.

Gajih mata (daging putih kaworan gajih ambuntêl tancêbing mata).

Gajih ginjêl.

Gajih buncit.

Kinrèngsèng lêngane kanggo id.

--- 2 : 921 ---

Gèmbèl, daging putih kabuntêl ing sayadan lêmpèng, kanggo dhèndhèng kripik.

Gubêl, gubêl iku satêngah baturing jagal, ngopèni sarta anjupuk kêbo saka ing panggonan liya, satêkaning kandhang, banjur mirantèni apa-apa, sawise kêbo dibêlèh ing kaum, banjur ngêthok sarta mêcah êndhasing kêbo, lan banjur anggodhog iwak tuwin jêroan, apadene dadi bau suku sapanunggalane, buruhane f 1, lan kêna anjupuk iwak tampikaning tangi kira payu f 1, 25.

Gobog, pok kuping ing jaba lêmpitan kaya plèrèt, kagodhog kanggo iwak monjit.

Gèthèng, daging bêcik sangisoring gitik (sampil buri), kanggo dhèndhèng.

Gèthèng tlusuk, daging gilig dawa, sapinggiring babon, (sampil ngarêp) ginawe dhèndhèng kênthing.

Gèthèng punuk, daging bêcik sêrate agal, sapinggiring punuk ing pundhak (sampil ngarêp), kanggo gêpukan sarta suwiran.

Bau (sapinggiring andhêman sangarêping têpak), kang gêdhe, watêke kuwat ajune (pêthèk II.)

Bencok, daging bêcik sêrate alus, sadhuwuring dhêngkul (sampil ngarêp), kanggo

--- 2 : 922 ---

dhèndhèng kripik en zie iwak.

Buncit, daging bêcik kaworan gajih, pinggir sampil têkan gulu gandhèng lan dhadha, kanggo dhèndhèng gorengan utawa bakaran.

Buntut, kang cêkak, watêke narik kuwating pamburèn (pêthèk II.)

Bakul

Wong wadon kang panggaotane kulak iwak, utawa mung andadèkake bae: aran: bakul

Bokong, kang kaya nôngka satugêl, watêke rikat luwês panubruke (pêthèk III.)

Basêng, daging tipis, ngarêp kèlèk ing dhadha (sampil ngarêp), kanggo dhèndhèng kripik.

Blèng, sablèng kapara wolu arane kang: a. 2 bagean, blèng dhuwur, b. 2 bagean, blèng ngisor, c. 2 bagean, blèng têlu, d. 2 bagean, blèng balungan

Blèng a = blèng dhuwur. Araning iwak kang kalêbu perangane blèng dhuwur kaya ing ngisor iki: ati 1/8 kèbèt lêmungsir, tlêcêr, silap, sumping, lêmungsir, pênthul, pêlok, dhali.

Blèng b = blèng ngisor.

--- 2 : 923 ---

Araning iwak kang kalêbu perangane blèng ngisor kaya ing ngisor iki: ati 1/8 ulur, abêtan, kêpuh, limas, pak walang, jambal, gandhik, ginjêl, gembol, gèthèng, babon.

blèng c = blèng têlu. Araning iwak kang kalêbu perangane blèng têlu kaya ing ngisor iki: ati 1/8 ampih-ampih, kisi daging, kisi jangan, dêlêg, tunjung, lawanan, plang godhong, pudhak, dhadha cilik, dhadha gêdhe.

blèng d = blèng balungan. Araning iwak kang kalêbu perangane blèng balungan, kaya ing ngisor iki: ati 1/8 ayam-ayam, iga, cêthik, kêris, kulung, kupur, tunjung, tlusuk, tangkar, loloh, punuk, pêthêl, pang êndhas, bêdhudhug, babon.

Balung, kang garing utawa kang asat, watêke bantêr sabarang tingkahe (pêthèk II.).

Balung uwang, kanggo garan lading, kêna ingobong kayadene kayu, sarta awune kêna ginawe rabuk, kang ora luluh dadi awu, dadi isih rupa balung putih, iku kêna ginawe anggêbêg warôngka sarana disisir.

--- 2 : 924 ---

Balung ulir gilig dawa (balung sampil buri), kanggo laru en id.

Balung iga, kêna ginawe bênik, garan lading lan liya-liyane.

Balung cicir zie iwak.

Balung clêkuthikan, kanggo laru en id.

Balung kropyak (= balung ula-ula), pating cruwil satêbah- têbah, kanggo laru, kayu lan rabuk, en zie iwak.

Balung kulung, ing ula-ula jêro bênêring jalakan, rupane pating cringih id.

Balung dlamakan id.

Balung topèng pisah ing gulu lan êndhas, rupane bundêr ômba kanggo id.

Balung tangkar, pucuk iga ing lêmpèng kanggo id.

Balung suri, balung nom pinggir balung têpak (sampil ngarêp), kanggo duduh-duduhan.

Balung sorok, zie balung pênthong.

Balung sikut, balung sampil ngarêp rupane gilig, kanggo laru kayu lan rabuk.

Balung sungsum, isine balung sikut, putih gilig, kanggo id.

Balung wajik, thingiling tracak kaprênah buri kanggo id.

Balung pandawa zie balung garês.

--- 2 : 925 - --

Balung pênthong utawa sorok, balung têpak atos kaya tepas, kanggo id.

Balung pakêm, balung atos ing buthung nanging nglênga, kêna winorake kêlan, en zie iwak.

Balung pasung (= balung irung) rupane abang, ginodhog ingolah duduh-duduhan.

Balung palang, têngah balung dhadha, kanggo laru kayu lan rabuk.

Balung plang godhong, katutan pucuk iga kanggo id.

Balung dhadha, pok iga kanggo id.

Balung dhigul, ula-ula ing gêgêr tutug ing jalak, pating cruwil satêbah-têbah kanggo id. en zie iwak.

Balung janur = balung irung, rupane putih, pinêcêl karo santên.

Balung mata, kang katancêban mata, kanggo laru kayu lan rabuk, sarta kang ora luluh kêna ginawe anggêbêg warôngka sarana disisir.

Balung garês, utawa pandhawa kanggo id.

Balung golèk, saburining punuk jalakan, kanggo id.

Balung gathèng, kanggo id.

Balung thêngklik = ros-rosan dhêngkul, kanggo id.

--- 2 : 926 ---

Bêdhudhug, daging bêcik jajar babon, ing ngisor jalakan (sampil ngarêp), kanggo dhèndhèng.

Boyok ngisor, araning iwak kang kalêbu peranganing boyok ngisor kaya ing gisor iki:

iso, babat ... kabèh en zie sigar

Boyok dhuwur.

Araning iwak kang kalêbu perangane boyok dhuwur kaya ing ngisor iki:

êndhas, daginging ..., ati tanggal, iso kabèh, tuntun, babat kabèh, en zie sigar

Babon ngarêp, daging bêcik gêdhe ômba, ing pucuk têpak jalakan, (sampil ngarêp), kang sayoga ginawe dhèndhèng.

Babat tawon, ana sangisoring iso rupane tipis, kagodhog banjur kagorèng.

Babat saundhuhan, zie iwak.

Babat sumping tipis pating sluwir, zie iwak.

Babat pudhak, rupane tipis, zie iwak.

Babat gunting anggligir megas-megos, zie iwak.

Babat gawan, rupane tipis, zie iwak.

Babat gulêng anggaligir kandêl, wadhah tlethong zie iwak.

--- 2 : 927 t/m 92 ---

Bobos, lambe dhuwur ing jaba irêng, ing jêro putih, kabakar banjur kagodhog, pinêcêl karo santên.

Bathuk, kang kandêl, watêke gêdhe prayitnane (pêthèk I).

Bungur, daging kothot kaworan gêtih, tumèmpèl ing bungur mau (sadhuwuring lambe) pinêcêl karo santên, utawa kanggo monjit.

Bungur kang kandêl, watêke narik marang karosaning êndhas (pêthèk II).

Thèthèl: Panggaotaning thèthèl iku satêngah dadi baturing gubêl lan tangi, dikongkon sarta ngrewangi panggaraping iwak kêbo, lan satêngah dadi kabayaning jagal, buruhane mung olèh iwak thethelan kira payu 50 c, utawa 83 c, tanpa buruhan dhuwit.

Thethelan, iwak kang tumèmpèl ing walulang, rupane putih kaworan daging abang, mung kanggo monjit, kadarbe ing thèthèl.

Thethelan babat, daging putih tumèmpèl ing gantilaning babat, kanggo duduh-duduhan.

Thingil. Thingil wajik kang rapêt, watêke kuwat pamancade (pêthèk II).

Srandu kêbo sapi (sungu)

Aran sarta dhapuring sungu kêbo kaya ing ngisor iki:

Crupung, cilik cêndhak, kupênge mèh gathuk.

Carang, luk-lukane padha karo kupêng, pragak, utawa

--- 2 : 930 ---

branggah, nanging gilig sarta ing ngêpok lan ing pucuk gêdhene mèh padha bae, dadi ciliking sungu ora timbang karo gêdhening kêbo, kang akèh manggon ing kêbo wadon.

Cagak talang, sungu nyagak talang iku padha karo sungu: ngêmbang plasa, kacèke luk-lukane ing pucuk anjêklèk.

Kadung voor kerbouw = caruk, voor sampi sungu kadung ing ngêpok jêjêg, ing têngah utawa ing pucuk dhoyong mangarêp, kang anduwèni sungu kadung: kupêng utawa branggah.

Kupêng 4/5 luk-lukane turut kaya ubênging bundêr, gêdhe dawane sêdhêng.

Kodhik, luk-lukaning kupêng utawa branggah, nanging cilik cêndhak cupêt, utawa kurang.

Kêmbang plasa, dhapur sarta luk-lukane padha karo kupêng utawa branggah, mung cêndhak, nanging turut sarta bagus, kang anduwèni mung kêbo pêlèn.

Totor, gêdhe dawa gilig, ing ngêpok gêdhe ing pucuk cilik noncong malang bênêr.

Sêmu 3/4 kanggo araning sungu kabèh, kaya ta: kupêng sêmu branggah, têgêse: akèh kupênge tinimbang branggahe, kosokbaline: branggah sêmu kupêng, iku akèh branggahe tinimbang karo kupênge enz.

--- 2 : 931 ---

Widara: rupa loro, siji malang, sijine mangkêluk mangisor utawa mandhuwur.

Lontop, kaya sungu totor, kacèke cilik, sarta bongkot pucuke gêdhene mèh padha bae.

Loyop, dhoyong marang ing buri bênêr, wiwit ing bongkot têkan ing pucuk, turut, kang anduwèni pragak, kupêng, branggah, kêmbang plasa sarta cagak talang.

Pêndhêm, voor kerbouw = prucul, voor kambing, têgêse tanpa sungu.

Pèrèt, gèpèng dhoyong marang ing buri, kapara mangisor, gêdhe ciliking sungu kiwa têngên rada gèsèh sathithik.

Pragak, 3/4 luk-lukane bagus cêkak, mênawa tumrap gudèl calon ngêmbang plasa nyagak talang, kupêng utawa branggah, iya ana kang tumrap ing kêbo tuwa, iku pancèn pragak.

Pajêg, 3 jêjêg utawa ngadêg, kang anduwèni pragak, kupêng sarta branggah.

Pothès, têgêse: sungu tugêl sisih.

Dhoyok, rubuh marang ing buri bênêr, kang anduwèni: kodhik, crupung, carang, kupêng sarta branggah.

Dhogol, gêdhe, cêndhak, gilig, malang, mangkêluk munggah sawatara.

Dhablang, gêdhe, dawa, branggah kabangêtên mêgare, ing ngêpok nganti têlung bagean, mèh malang bênêr, sabagean ing pucuk mangkêluk munggah.

--- 2 : 932 ---

Dhèblèng, gèpèng, ômba, cêndhak, ing pucuk cilik, mangkêluk turut sawatara, dhoyong mangisor kapara buri.

Dhongkrok, ing ngêpok tutug ing têngah mèmpêr kaya dhoyok, ing pucuk mangkêluk mangisor.

Dhingkêl, (of thukluk) cêndhak cilik, luk-lukane miturut arane.

Dhungkul, ing ngêpok tutug ing pucuk rubuh mangisor turut pipi utawa gulu ngawêng ing kuping, utawa ing buri kuping.

Dhungkul canthèl, ing pucuk mangkêluk mêmburi, (= marang buri).

Dhungkul cadhong, ing pucuk mangkêluk maju.

Dhungkul totor, gêdhe dawa, rubuh mangisor jêjêg kêncêng.

Dhungkul parèt ?

Dhungkul dhabyang, gêdhe, dawa, mangkêluk mêmburi turut.

Dhungkul dhobyang, gêdhe, dawa, rubuh mangisor pucuk mangkêluk ngawêt gulu, gathuk, utawa ora, sing luwih saka ing gathuk iya ana.

Grandhèl (of kropyak) ing ngêpok oklak-aklik, yèn gathuk muni: kropyak, dene luk-lukane miturut arane.

Giwang (of slewah) ?

Gêdhang gabu, cilik, cêndhak, gilig, malang kêncêng, ing pucuk mangkêluk sathithik.

--- 2 : 933 ---

Branggah, gêdhe, dawa, turut, luk-lukane mèmpêr kupêng, kacèk mêgar, ing pucuk sangsaya mêgar ômba.

Thikil 1. lagi mêtu saka ing êndhas, durung karuhan kadadiyane.

Thokol, 2. gêdhe, cêndhak, kêncêng, ing pucuk lancip, mênawa tumrap ing gudèl, durung karuwan kadadiane, iya ana kang tumrap ing kêbo tuwa, iku pancèn thokol.

Thukluk zie dhingkêl.

Thukluk cadhong.

Srandu kêbo sapi (wulu)

Rupaning wulu kêbo kaya ing ngisor iki:

abang, irêng tuwin putih.

lamus, sêmu abang, irêng tuwin putih.

gapila, satêngah bule.

bule.

cirining ulês: damar, tanpa pêlok, tanpa maesan, pancal, plôngka, pethak.

--- 2 : 934 ---

Srandu kêbo sapi (wayah of ngumur)

Wayah sarta ngumuring kêbo kaya ing ngisor iki:

gudèl pasuson, dinan of sasèn.

gudèl sapihan, sêsasi.

gudèl pêndhak, sataun.

gudèl panggaron, 2 taun.

gudèl pamlukon, 3 taun.

dhara of jêmaka, 4 taun.

kêbo lanang wadon, 5-8 taun.

babon sarta majêr, 8-10 taun.

rowan, tuwa kuru.

Srandu kêbo sapi (pawakan).

Pawakaning kêbo kaya ing ngisor iki:

angupih, dawa, gèpèng, utawa tipis, cêmpluk, cêndhak cilik.

wusu, gêgêr wusu, dhuwur ing têngah,

papah gêdhang, gêgêr mapah gêdhang utawa anjêplak, têgêse: gêgêr andêkèng.

gêpuk: anggêpuk = kaya walang gêpuk, yèn jaran: thokol.

gombor: gêdhe kêndho wêtênge ambalêndhang.

bancêng: dawa cilik.

Srandu kêbo sapi (buntut).

Araning buntut kêbo kaya ing ngisor iki:

cêkak, kurang saka kêcèt

sêdhêng: papak kêcèt

landhung: luwih saka kêcèt

--- 2 : 935 ---

Cirining buntut: tekong, padaringan kêbak, buntung, brindhil

Srandu warôngka kêris ladrang

Ing ngisor iki sranduning warôngka kêris ladrang, kaya ta:

antup-antupan, pawakan, ada-ada, janggut, angkup, gandar, ri cangkring, godhong, ri pandhan, gambar, latha zie gambar warôngka ladrang

Srandu warôngka kêris gayaman

Ing ngisor iki sranduning warôngka kêris gayaman, kaya ta:, antup-antupan, janggut, ukêl pakis, gandar, ri cangkring, gambar, lambe gajah, zie gambar warôngka gayaman

--- 2 : 936 ---

Srandu warôngka tumbak

Ing ngisor iki sranduning warôngka tumbak kaya ta: ada-ada, awak lele, candhèn, cangkêm lele, dêring suh, mênur, gadhag zie gambar warôngka tumbak.

Srandu warôngka wêdhung

Ing ngisor iki sranduning warôngka wêdhung, kaya ta: êndhas wêlut, anjing-anjingan, awak, kruwingan, kèpèt, kudhup turi, tlapakan, suh, cangkletan, widhêng ukêl pakis, pucuk, papakan, dhadha, gapyuk, gambar, gêgêr zie gambar warôngka wêdhung.

Srandu manungsa

Kawruh sranduning manungsa nyumurupake gêgêlitan sarta liya-liyane, kaanggit ana ing Pantisoka nalika taun 1887 kaya ing ngisor iki:

untu kN. waja kI.

kêsik 4 (untu papat ngarêp kang dhuwur), siyung 2 (pangapiting kêsik), bam 8 (utawa papat sisih), bam wêkas 2, gunggung 16 iji.

untu kang ngisor padha bae aran lan cacahe iya 16 x 2 = 32 iji zie K.T. 24 art. 47-7

êndhas, N. sirah K. mustaka KI.

êndhas tarasi zie Kantj. 29 p 25.

êndhas-êndhasan uwi enz kN.

andhêng-andhêng, ana sing ngarani: tai lalêr, plênik irêng ing kulit.

--- 2 : 937 ---

unyêng-unyêngan, undêr-undêran thukuling rambut ing dhuwur sirah, siji utawa loro.

irung kN. grana kI.

ikut, pucuke tlakupan pêli watês kang dibêlèk, utawa dikêthok yèn wis môngsa têtak, ngumur 15 taun.

idêp, wulu tlakupan mata ngisor dhuwur.

otot.

itil kN. kalêntik kI.

ula-ula kN. balung onte-ontean ing gêgêr.

ilat kN. lidhah k.

alis kN. imba kI.

èpèk-èpèk, lumahing tangan.

êmbun-êmbunan kN. suhunan kI. kang kumêdut ing êndhas ngarêp.

iga, jèntrèkaning balung.

iga wêkas kN. niet wêling gathuke iga ngarêp lan iga buri.

ugêl-ugêl, athik-athikaning lêngên lan èpèk-èpèk.

athi-athi, rambut kang thukul sangarêping kuping sadhuwuring godhèg.

cenol, linciping bokong.

cêthak, daging sajroning cangkêm, yèn katempelan ilat krasa kêri.

--- 2 : 938 ---

cêthik, balung pok sikil kang mêndhikil.

cêthik malang, balung pok sikil kang malang.

cêthik bolong, lêkokan sangisoring cêthik.

cèngèk, lêkokan antaraning cêngêl lan kuping.

cangklakan, otot gêdhe sakiwa têngêning kèlèk.

cingklok, têkukaning sikil kang jêro.

cangkêm kN. tutuk kI. grênge aran mangkono.

cêngêl, lêkokan antaraning otot gêdhe loro sadhuwuring pok ula-ula.

rai kN. wadana of pasuryan kI. saubênge kabèh aran: rai.

rambut kN. rema kI. iku mung kang thukul ing êndhas, dene kang thukul ing rai sapangisor aran: wulu.

rongkong, sêlaning iga buri.

konthol kN. palandhungan kI. isine aran: pringsilan.

kêcèt, otot gêdhe sadhuwure tungkak.

kuku kN. kênaka kI.

kuku irêng, pucuk kuku kang katon irêng dening kêna ing rêrêgêd.

kêtêg, iku andhêging banyu urip (maul-kayat) kang ana ing dhadha kiwa.

kawêt, antaraning silit lan kawirangan.

kèlèk, lêkokan tancêbing pok tangan.

--- 2 : 939 ---

kulit ayam kN. (ora kulit ayam K. kulit pitik N, atêgês: kuliting pitik) yèn kêna ing sabab mung kaya kêndhangan kang tipis bangêt.

kalamênjing, kang mrongkol ing gulu.

kuping kN. talingan kI.sakabèhe aran: kuping.

kêmiri, thêngil ugêl-ugêl sikil kang jêro.

kempol, sangisore têkukan sikil ngisor kang buri, dene kang ngarêp aran: garês.

kêmpung, antaraning wêtêng lan cêthik, kang kiwa wadhah sêsukêr, kang têngên wadhah uyuh.

driji tangan.

driji sikil

jêmpol.

panuduh, panunggul, manis, jênthik ... driji tangan.

driji sikil lumrahe kang ana arane mung jêmpol lan jênthik, kang têlu ora ana.

toh, daging katon biru.

turuk, ks. pawadonan, N. pawèstrèn, K.

tlapukan, sangisoring mata.

têpak, poking bau tangan kang ana ing gêgêr.

tungkak, bongkoting dlamakan.

--- 2 : 940 ---

tênggok, lêkokan antaraning balung salang kiwa têngên.

sinom, rambut cêndhak kang thukul ana ngarêpan.

sêntil, daging mênthil sajroning cangkêm.

sikut kN. sikon kI. têkukaning tangan kang lancip.

sikil N. suku k. sampeyan kI. sadawane têkan ing dalamakan aran: sikil.

suluhan, poking mripat bongkot pucuk.

silit, kN. klècêman kI.

silit kodhok, antaraning bokong kiwa têngên, sangisoring êntèke balung ula-ula.

salang, balung ngawêng kiwa têngêning gulu.

supit, sadhuwuring walakang cakêt.

simbar, wulu kang thukul ana ing dhadha, kaupamakake kaya simbaring kêkayon.

singkab, antaraning gathuke iga ngarêp lan iga buri, utawa sangisoring kèlèk.

sungsum, isining balung.

wadidang sangisoring lambung.

wudêl kN. pusêr k. tuntunan kI.

wêtêng N. padharan, van dhara kw. en padharan, van dhahar kI ... K. sakabèhe aran: wêtêng.

wulu cumbu, wulu kang thukul ana saubênging kempol.

--- 2 : 941 ---

wulu kèlèk.

wulu puhun, wulu kang thukul ana ing ngêpoke jêmpolan sikil sapanunggalane darijining sikil.

wulu jawès, wulu kang thukul ana ing jawès.

wang, gathuking balung angaping cangkêm kang ngêpok sangisoring kuping.

kalang = walakang, gêlitan poking pupu sapangisor.

lêmpèng, antaraning iga wêkas lan cêthik.

lambe kN. lathi kI. ngisor dhuwur arane padha.

lambung, adêg iringing awak, kaya ta: lambunge dawa, ora ambangkèk.

pundhak, kN. pamidhangan kI.

pênthil kN. mundri kI. = nyamat.

pucuk = cucuk, têngahing lambe dhuwur kang katon lancip.

purus, galêraning wudêl lan palanangan.

pringsilan zie konthol.

pasu, gligiring balung irung têkan antaraning alis kiwa têngên.

pêli ks. palanangan N. pajalêran K. kalam kI. nanging kêbo (maesa) pêlèn kN.

polok, cêthik ugêl-ugêl sikil kang ngisor ing jaba, timbangane: kêmiri.

pilingan, lêkokan antaraning pucuk alis lan kuping.

--- 2 : 942 ---

pulung ati N. manah K = ulu ati, manah

têngah bênêr sangisoring balung adêg-adêg piyaking iga.

pipi kN. pangarasan kI. sangisoring talapukan kang katon lêkok: mungguhing wong tuwa.

pupu kN. wêntis kI. sadhuwuring têkukan sikil.

dhadha, kN. jaja kI. sajêmbare antaraning susu kiwa têngên.

dhêngkul kN. jêngku kI. têkukaning sikil kang katon lancip.

janur, balung nom antaraning bolongan irung kiwa têngên.

jênthik zie driji, bov.

jawès, têngahing lambe ngisor kang katon lêkok.

jêmpol zie driji, bov.

jêmbut

jubur kN. wuntu kI.

janggut kN. kêthêkan kI.

manik kN. têlêng kI. irênging mata kang ana wong-wongane.

mata N. mripat K. tingal kI.

gandhu, balung kang kaya bendha ing dhêngkul.

gorokan, bolonganing cangkêm ing jêro.

garês, têkukan sikil ngisor kang ngarêp aran: garês, kang buri aran: kempol.

--- 2 : 943 ---

gurung, bolongan sangisoring gorokan.

gronggongan, sêlaning iga ngarêp.

gêtih N. rah K.

gusi, daging sacêdhake tancêbing untu kang jaba sajroning lambe.

gulu kN. jôngga kI. saubênge kabèh aran: gulu.

gulu ancak, tancêbing gulu.

godhoh, kuping ngisor kang ditindhik.

godhèg, wulu kang thukul ana sangarêping kuping.

githok kN. griwa kI.antaraning têpak kiwa têngên.

buntut urang, rambut kang thukul ana lêkokaning cêngêl.

brêngos kN. rawis of kumbala kI. wulu kang thukul ana ing lambe dhuwur.

bokong of wangkong kN. bocong kI. daging ipoking pok. pupu.

bol.

balung kN. tosan, fac. K.

bayu.

boyok, sadhuwuring bokong cakêt.

bathuk kN. palarapan kI.

bangkekan, antaraning iga wêkas lan cêthik saubênge panggonan ubêding sabuk.

tha.

nga.

--- 2 : 944 ---

Suranadi:

patih adipati ... zie P.N. no. 15 en 16

Suranata:

zie abdi dalêm kapatihan., zie abdi dalêm juru en zie juru. Abdi dalêm suranata, paseban lan patungg ukane ana ing masjid panêpèn, yèn wayah esuk malêbu marang ing gênthan, ngirid abdi dalêm panandhon, anggawa tumbak, kuwajibane angimami lan nabuh bêdhug ana ing suranatan, yèn dhèrèk sampeyan dalêm, ampilane gêndhaga cilik isi pasujudan, têsbèh sarta Kuran cilik (sêtambul) ana ngarêp.

Saron panêrus:

zie gamêlan (ricikan letl. i)

Suranagara nom:

zie Im. Giri no. 45.

Suranagara tapa: zie Im. Giri no.44.

Surarêtna (têmbang gêdhe):§ surarêtna laku 12 pêdhotan, 4.8 x 2 = 24 x 2 = 48. // lela-lela / linali saya kadriya / driyasmara / marang risang kadi ratih / ratih ratu / ratune wong Cakrakêmbang / kêmbang jaya: kusuma asih ing kula.

Sirik:

sirikane dina ala zie sasi (4).

Surak:

kyai ... zie monggang Letl a.

Sarika:

zie wadu.

Srikuning:

zie pari.

Srikandhi (padhalangan):

wandane golèng sarta patrêm.

--- 2 : 945 ---

Surakarta:

ratu. Jumênêng dalêm

P.B. II. sirnaning swara rasa tunggal,Sengkalan: sirnaning swara rasa tunggal (1670 A.J., 1745/46 A.D.). Jimakir 1670. P.B. III. tata pandhita rasaning rat,Sengkalan: tata pandhita rasaning rat (1675 A.J., 1749/50 A.D.). Jimawal 1675. P.B. IV. sucining rupa pandhita raja,Sengkalan: sucining rupa pandhita raja (1714 A.J., 1787/88 A.D.). Jimakir 1714. P.B. V. salira suci pangandikaning ratu,Sengkalan: salira suci pangandikaning ratu (1748 A.J., 1820 /21 A.D.). Ehe 1748. P.B. VI. rupaning buta angrik wani,Sengkalan: rupaning buta angrik wani (1751 A.J., 1823/24 A.D.). Dal 1751. P.B. VII. pandhita lima muji ing ratu,Sengkalan: pandhita lima muji ing ratu (1757 A.J., 1829/30 A.D.). Jimawal 1757. P.B. VIII. rasaning bramana pinuji ing ratu,Sengkalan: rasaning bramana pinuji ing ratu (1786 A.J., 1857/58 A.D.). Jimakir 1786. P.B. IX. sunya gumônda sabdaning ratu,Sengkalan: sunya gumônda sabdaning ratu (1790 A.J., 1861/62 A.D.). Je 1790. P.B. X. loro-loro murtining Surakarta,Sengkalan: loro-loro murtining Surakarta (1822 A.J., 1892/93 A.D.). Je 1822

--- 2 : 946 ---

Surakarta:

kutha ...

kutha: Jèbrès, Pasarkliwon, Srêngan, Lawiyan.

Kartasura: Gathak, Pajang, Waru

Grogol: Ronggah, Majalaban, Baki, Palur

Sawahan: Nagasari, Kêbon-agung.

--- 2 : 947 - --

Surakarta:

titiking ... nitiking karaton

angka nitik

29. Sumare Lawiyan P.B. II.

30. Suwarga P.B. III.

31. Bagus P.B. IV.

32. Sugih P.B. V.

33. Ambanguntapa P.B. VI.

34. Purbaya P.B. VII.

35. Ngabèi P.B. VIII.

36. Prabuwijaya P.B. IX.

37. Bintang P.B. X.

--- 2 : 948 ---

Surakarta:

Bupati pulisi ...

1. Radèn Tumênggung Cakrajaya, sumare Têmuirêng Karanganyar, 2. Radèn Tumênggung Suradirja, sumare Kajoran Klathèn, 3. Radèn Tumênggung Kartanagara, sumare Lawiyan, 4. Radèn Tumênggung Kartanagara, sumare Yasarata, 5. Radèn Tumênggung Mangunnagara, Je 1846, 6. Radèn Tumênggung.

Surakarta:

zie abdi dalêm Surakarta.

zie P.N.

zie titik.

--- 2 : 949 ---

Srikaton:

zie gêndhing.

Surakusuma:

mas ayu inya ... zie K.S. no.51.

Srikaya:

wangsalan Tjent. kang agung pêkah, olèh dening kêkaya.

Sridênta:

bathikan.

Sardulawikridita (têmbang gêdhe):§ Sardulawikridita laku 19 pêdhotan 6.6.7. x 2 = 38 x 2 = 76. // tandya trus dhadha sang: Gathutkaca kawangwang / murwa mangêsaksana / dèn tanri mabangun / mawega tumêmpuh / mangungsir Sang Wangga Dipati singgih Bima / suta gak ramaha / rêp matya ngungsir kiwul / kèn lumpat rawisu / talês curi ngrana / bolot matingal rata // [tan dwa trus dhadha Sang Gathutkaca wawang murca mangu saksana nda tan jrih mabangun sawega tumêdhun mungsir Sang Angga dipa singgih Bhima sutanggakara mahasêp matya mangungsi kiwul nkan lumpat Rawiputra lês suriranambonglot matingal ratha //].

Srati:

zie abdi dalêm srati. Abdi dalêm srati paseban patunggukane ing wantilan, pagaweane angguyang, maèsi sarta nunggang gajah.

--- 2 : 950 ---

Suratêtana:

' = Blambangan, prajurit jaba, mayor 1, kaptin 1, Irstê litnan 1, twèdhê litnan 1, sarsan mayor 3, sarsan platun 3, kopral 8, dhêpo 4, trêbis 8, saradhadhu 74, ajudan ondêr opsir 1, mètêr 1, panambur 2, panylomprèt 2, gunggung 111, zie abdi dalêm prajurit letl. j.

Srisadana:

zie buku.

Sarasêja:

1. zie abdi dalêm sarasêja kaparak kiwa. 2. zie trate. 3. zie saleko. 4. = brajanala kidul zie J.Z.I. 247-2 en P.L. II. ii-3 v.o.

Abdi dalêm sarasêja kèhe 44 panèwu mantri kalêbu sajajare, aran: sagolongan, pagaweane rumêksa kori gapit kidul (= sarasêja) anane prajurit sarasêja wis dhèk jaman Mataram, têgêse sarasêja = ngarêpake lêlandhêp. Mirit pratelan iki kori sarasêja iya kori gapit kidul, dudu kosisale [...]Tulisan tidak jelas.

--- 2 : 951 ---

Sriwêd:

wangsalan Tjent. janma kêh tansah arungan = pating sriwêd.

Sarawadi:

jaksa ngabèi ... zie Pôncaniti no.36, banjur diingsêr dadi pujôngga.

Sriwadani:

zie wit (cêguk).

Sriwadari:

zie bathikan, adêging musium Sriwadari, Marêt 1913, presidhèn R.T. Jayanagara, Juni 1914, santun presidhèn R.ms. H. Purwadiningrat.

Sriwulan Kw. (kêmbang):

puspanjali, basônta, basônta tilaga.

Srawean:

zie srandu kêris.

Srilara-rajapati:

srilara = wong mati kinaniaya ora têrang kang matèni, rajapati, mati kinaniaya têrang kang matèni.

Sarilaya:

zie gend. ladr. pel. 5 en zie sêmanggita, en zie kimpul (senthewere)

Suralaya:

zie gend.

Suralathi:

pujôngga ngabèi ... zie P.N.no.37.

Sirap:

Sirap iku lumrahe mung patang rupa, kaya ta: 1. domba, iku kang kagêm ing karaton, ing dalêm prabayasa. 2. gope (= gêdhe) kanggo ing pandhapa (= sasanasewaka) pringgitan (= sasanaparasdya) sapêpadhane, sarta kanggo dalême para luhur. 3. dhara, kanggo ing salumrahe. 4. godhong (cilik) kanggo ing wong cilik.

Panggawene sirap, sawuse kayu tinêrês,dinèrès. antara sataun kayu iku lagi tinêgor, banjur dikêthoki sadawaning sirap, undha usuk manut gêdhe ciliking kayu, banjur ngêbèl (nyigari), banjur anggêbal (ngêlus saka sigaran) banjur macak (kadhapur sirap) banjur pêthelan (ingêlus kalawan pêthèl) banjur pasahan (ingêlus kalawan pasah) banjur nglanjuri (nglancipi) rampung dadi sirap, mung kari ngêbur kiwa têngên panggonan pantèk.

Sirêp (kaniyagan):

kang diarani: sirêpan, iku ênênging ricikan gamêlan, dhalang arêp anjantur (carita sajroning sirêpan).

Sirup:

pangantèn nalika têmu sinirup ing sindur marang biyungne pangantèn wadon zie jêmbawan letl. f.

Sareparu:

zie trate.

Sarapsari:

ciri sarapsari unyêng-unyêngan jaran manggon ana pênêring jalak, watêke ala, kang ngingu cinidra ing wong ala.

Srêpêgan:

zie gêndhing.

Surapati prang lan Kapitan Tak, taun 1608.

Sarjana:

Rms.K.S. no.1. putra dalêm P.B. VII.

Suryaningrat:

radèn ayu ... putra dalêm P.B.VII. zie Ngimagiri no.196.

Suryakusuma:

kangjêng pangeran panji ... putra dalêm P.B. V. sumare Cêmani (Kartasura).

Suryakusuma:

pangeran ... zie Sela no.14. V.

Sarayuda:

zie gêndhing.

Suryadipura:

kangjêng pangeran arya, putra dalêm P.B. V. zie Ngimagiri no.168. [no.1...]

--- 2 : 952 ---

[...68.]

Suryadipura:

radèn ayu ... putra dalêm P.B. IX. zie NgiNgimagiri (dan di tempat lain). no.174.

Suryasaputra:

radèn mas panji ... wayah M.B. kendhang zie Ngi no.182.

Suryawisesa:

zie Kartapati en Kasatriyan.

Surawisesa:

zie Pôncaniti no. 9.

Suryamiluhur:

zie Laleyan of Kudalaleyan.

Suryamiluhur:

zie Pôncaniti no 10.

Suryabrata:

kangjêng pangeran arya ... putra dalêm P.B. V. zie Ngi no 149.

Suryabrata:

radèn ayu, putra bayunan wayah P.B. IV. zie Ngi no.155.

Sri Maharaja Sêkti:

' = Siyungwênara zie Pôncaniti no.17.

Srimaha Punggung:

' = R. Daniswara, zie Pôncaniti no.4.

Sarimpi:

zie badhaya.

Sarimpi:

sadulur papat wadon kabèh. P.R.I.196 (24).

Sarômba:

sadulur papat lanang kabèh, P.R.I.196 (23).

Srimanganti:

zie dhatu (29.30 en 39) sri-mangêngêl, ciri sri-mangêngêl, yèn ana jaran cêkuthikaning tracake sikil ngarêp ana putih-putihe watêke bêcik, nyugihake kang ngingu.

Sirig (katuranggan):

zie laku letl d.

Sorog:

zie srandu kêbo sapi.

Sorogan:

zie gamêlan.

Sragèn:

zie abdi dalêm Sragèn.

Sragèn:

bupati pulisi ... 1. Radèn Tumênggung Sasrasudira, sumare Tinawas (Sawahan), 2. Radèn Tumênggung Wiryadipraja, sumare NgrampalanPrampalan. Pilangpayung (Masaran). 3. Radèn Tumênggung Sumanagara.

Saragêni zie abdi dalêm kaparak kiwa têngên no. 15, abdi dalêm prajurit saragêni kèhe 45, panèwu mantri kalêbu jajare, gêgamane bêdhil, paseban lan patunggukane ana Srimanganti, anane prajurit saragêni wis dhèk jaman Mantaram, têgêse saragêni = gêgaman gêni, iya iku bêdhil.

Ampilane bêdhil agêm dalêm sapirantine ana ngarêp, zie upacara letl. f.

Sorog calêmpung:

zie calêmpung letl b.

Sirig kaprabon (katuranggan):

iku tangkêbing jaran kang trajange sikil ngarêp: ukêl, sikil buri andhandhang.

Srigadhing Kw. (kêmbang):

sridênta, wratsari.

Sirig bintulu (katuranggan):

iku tangkêbing siriging jaran kang trajange mung sikil buri, dene sikil ngarêp lakune andhandhang.

--- 2 : 953 ---

Sragèn (dhistrik en ondêr dhistrik):

Kutha: Ngrampal, Kadhawung

Gondhang: Sambirêja

Masaran: Tompe, Gronong, Pucuk, Sidaharja

Gêmolong: Plupuh, Lawang, Miri, Tanon

Gêsi: Jêkawal, Jênar, Pojok, Mondhokan

--- 2 : 954 ---

Sirig babar lêpihan (katuranggan):

iku tangkêbing sirige jaran kang sikile ngarêp buri padha bêcike trajange, sikil ngarêp sumêblak, sikil buri nyaruk, utawa kicat.

Saribrôngta (têmbang gêdhe):

laku 19 pêdhotan 6.6.7. x 2 = 38 x 2 = 76.

Ron pari kang lêsah / Sang Ma-: drim tênaya: / salamini-: pun kula / surya: lalu môngsa:/ nata: rêngu sabda / darbe sir: mring paduka / pamburaking kaga / dyah a-: tma Mandura: / tansah ma-: nahên brôngta / mirah: jayèng toya / pisang: mawa gônda: bayata: tan graita //

Srêbèd:

zie upacara letl f.

Srêbat:

' = surbèt (P.R. IV. 143-4. sarjih).

Sribit (Kartasura):

Inya alit (ingkang êmbah K.P.A. Mangkudiningrat putra dalêm P.B. IX) sumare ing kono, olèh paring dalêm sadranan.

Sribupati:

zie ratu.

Surabaya:

kangjêng ratu ... zie Ngimagiri no. 5.

Surabaya:

pangeran ... zie Ngimagiri no. 82.

Surabaya:

zie Ngampèldênta.

Srêbêgan:

zie Kartapati letl. e.

Sarang-sarangan Kw.:

suraka.

Sarung:

Sarungan jaran gilig kinêmbang ing songa jambon têtulenan tanpa sawur banyumas, iku agêming ratu sarta para pangeran putra sêntana tuwin pêpatih dalêm, liyane ora kêna nganggo, kang wani nêrak kalarangan dening abdi dalêm gamêl, muni ing layang undhang-undhang dalêm P.B. IV katitimangsan kaping 5 Jumadilawal Ehe ôngka 1716.

Sêrêng (katuranggan):

têmbung sirig sêrêng: têgêse katon rikat, yêktine rindhik, zie laku letl. d.

--- 2 : 955 ---

Sêrêngan:

zie abdi dalêm Surakarta letl. b.

Siring:

zie gend.

Surung (iwak):

wangsalan Tjent. pangêsuking jurit, ciri surung unyêng-unyêngan jaran ana ing bokong kiwa, watêke bêcik, pantês kanggo ing senapati, kinalulutan ing wadyabala.

Serang:

zie kêtan.

Serang:

pangulu ... zie Pôncaniti no. 35.

Surèngrana:

zie gêndhing gend.

Surèngkara:

jaran wulu abang utawa kaya kuliting manggis, duwe unyêng-unyêngan ana ing mata kang têngên, watêke bêcik marahi sugih.

Sarengat:

' = pranatan, tarekat = dalan (tatakrama), kakekat = satêmêne of sabênêre. Makripat = sumurup.

Surung dhayung:

zie gend.

Srênggani raras:

slend. zie gamêlan karaton letl. h.

Srênggani raras:

pel. zie gamêlan karaton letl. g.

Srêngenge Kw.:

Araning srêngenge kang kasêbut D.N.K. 6.1. 22

J.Z.I. 367- 1.v.o.kang 11 cocog kang 11 sulaya, wuwuh 11

gunggung 33

andakara, rawi, swandaragni, hera, rawikara, swarka, haruna, karaba, pratangga, harka, kalandaragni, pratônggakara, harkara, kalandakara, pratônggapati, harditya, dinangkara, prabangkara, hasuman, diwangkara, banu, nanda, talaba, badra, radite, tibrakala, baskara, raditya, tibralayu, bagaskara, radeya, surya, bagaspati

Srêngenge tumbuk Kw.:

swarka.

Sarangan Kw.:

suraka D.N.K.71-4.v.o.A.

Suk:

zie tawon.

Soka:

wangsalan Tjent. anggêguyu.

Soka:

Pangeran zie Sel. no. 5.

Soka:

nyai tumênggung zie K.G.no. 74.

--- 2 : 956 ---

Sukaharja:

Kaliwon wadana en zie abdi dalêm Sukaharja,

1. Radèn Ngabèi Kartasari sumare Ngrampal. 2. Radèn Ngabèi Wiryadipraja, munggah dadi bupati pulisi Sragèn, Radèn Tumênggung Wiryadipraja sumare Prampalan Pilangpayung, Masaran (Sragèn). 3. Radèn Ngabèi Sutasudira, munggah dadi bupati pulisi Ngampèl, Radèn Tumênggung Kartawadana, munggah manèh dadi bupati Bumi, Radèn Tumênggung Tôndhanagara sumare. 4. Radèn Ngabèi Wiryakusuma, munggah dadi Bupati Klathèn, Radèn Tumênggung Cakrawadana sumare Ngêndho (Bayalali). 5. Radèn Ngabèi Martaatmaja, munggah dadi Bupati Klathèn, Radèn Tumênggung Martawadana, munggah manèh dadi bupati jaksa, Radèn Tumênggung Jaksanagara sumare zie jaksa. 6. Radèn Ngabèi Darmapranata, sumare Kadhokan. 7. Radèn Ngabèi Kartasudira sumare Tinawas. 8. Radèn Ngabèi Kartawadana (Arjapradata) munggah dadi Bupati Klathèn, Radèn Tumênggung Sutanagara, sumare zie Klathèn. 9. Radèn Ngabèi Rêksawadana pènsiyun. 10. Radèn Ngabèi Kartawadana, Je 1846.

--- 2 : 957 ---

Sukaharja (dhistrik en ondêr dhistrik):

kutha: Bulakrêja, Bangsri.

Tawangsari: Ngutêr, Grogol, Kêpuh, Watukêlir, Bulu

--- 2 : 958 ---

Skon:

zie jam.

Sêkon:

' = uran-uran.

Sukun:

wangsalan Tjent, wong kaki-kaki.

Sokanandi:

zie pari.

Sikandhi:

' = Syikandi Skr. zie Srikandhi.

Sikarini (têmbang gêdhe):

laku 17 pêdhotan 6.6.5.x 2 = 34 x 2 = 68. kancuh lan têpikawuri utawa sapartitala.

Lawa-lawa gandhul / nèng pang kêbêt-kêbêt / lir milu susah / yèn ta bisa muwus / pagene Pandhawa / tan ana tumut //

Pribadi aminta / prajanya sapalih / lir sêkar tanjung / kuru ambêlasah / lêsah kadi susah / susah kapisah //

Sakrêndha:

Iku araning bocah lair kêmbar utawa luwih tunggal sabungkus, P.R.I.195 (7).

Sêkardlima:

iku araning gong Kodhokngorèk kang diunèkake sabên garêbêg, sisihane aran Kyai Sêkargadhung. en zie Kodhokngorèk letl b.

Sukarsih:

zie gêndhing.

Sukarsih:

mas ayu ... zie K.S.no.4.

Sêkarlar:

iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Sêkargadhung:

zie gêndhing.

Sêkargadhung:

kyai ... zie Kodhokngorèk Letl. b, iya iku gong sisihane Kyai Sêkardlima.

Sêkargadhung, gamêlan sajumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. II. yasa gamêlan pelog, kaparingan aran Kyai Sêkargadhung, sinangkalan, sirna tata manising dewa = 1650.Sengkalan: sirna tata manising dewa (1650 A.J., 1725/26 A.D.).

--- 2 : 959 ---

Sokadana:

pangulu ... zie Ngimagiri no.24.

Sikut:

iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih lor, pasabane salulup ing sagara anjêndhêl, ngupaya iwak.

Sikut Kw.:

siku, lunggana, lunggiya.

Sukêt:

Ing ngisor iki araning sukêt sawatara, kaya ta: alang-alang, abangan, rêmbyang, kawatan, kalamênta, kapukan, dondoman, têki, têmbagan, wadêran, wudulan, lancuran, lulangan, lamuran, lêmpuyangan, lingi, pêrtimah, jawan, jawilan, mêniran, mêrakan, grinting, gagan, blêmbêm

Sukêt Kw.:

rumput, katang-katang, dukut, têtêki, sêlaba, dhukut.

Araning sukêt sawatara kaya ta: alang-alang, abangan, rêmbyang, kawatan, kalamênta, kapukan, dondoman, têki, têki arum, têmbagan, wadêran, wudulan, lancuran, lulangan, lamuran, lêmpuyangan, lingi, pratimah, jawan, jawilan, mêniran, mêrakan, grinting, gagan-gagan, blêmbêm

Sakatèn:

zie Mrt. (Mataram) no.7.

Sakatèn (kaniyagan):

Kang yasa gamêlan sakatèn, Sinuhun Ratu Tunggul ing Giri, sarancak mung limang pangkon. bonang: sapangkon, kêmpyang: sapangkon, saron: sapangkon, bêdhug: 1 sarta, gong sarakit.

--- 2 : 960 ---

Kanggo pakurmatan sabên Garêbêg Mulud katabuh ana palataraning masjid ing Dêmak, sarta yèn nuju Garêbêg Mulud taun Dal, gamêlan sakatèn mau wiwit tanggal kaping 5 ditabuh rina wêngi nganti tanggal kaping 12, nanging ing saiki anggêr Garêbêg Mulud bae ditabuh mêngkono, taun 1485.

a. kagungan dalêm gamêlan sakatèn gêdhe laras pelog: bonang sapangkon cacah ... iji, dêmung 2 pangkon a cacah 7 iji, saron barung 4 pangkon a cacah ... iji, saron panêrus 2 pangkon a cacah ... iji, kêmpyang kang 2 laras panunggul, kang 2 laras barang 4 iji, bêdhug 1 iji, gong sarakit 2 iji

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX. karsa amêwahi ricikan kênong, kêndhang

b. kagungan dalêm sakatèn cilik laras pelog Mataram (swarane ladak mèh sak-salendro): bonang sapangkon cacah ... iji, dêmung 2 pangkon a cacah ... iji, saron barung 4 pangkon a cacah ... iji, saron panêrus 2 pangkon a cacah ... iji, kêmpyang kang 2 laras nêm, kang 2 laras barang 4 iji, bêdhug 1 iji, gong Kyai Nagalindhu sakêmbaran = 2 iji

--- 2 : 961 ---

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX karsa amêwahi ricikan: kênong 1 iji, kêndhang 2 iji

d. Sakatèn gêdhe katabuh sabên Garêbêg Mulud ana ing palataran Masjid Gêdhe manggon ing pagongan kang kidul, dene panggonan kang lor panggonane para tuwan kang andhèrèk marang Masjid Gêdhe ing Garêbêg Mulud taun Dal, barêng jumênêng dalêm P.B. IX pagongan lor mau didokoki Sakatèn cilik, dadi sisihane Sakatèn gêdhe.

e. Sakatèn cilik katabuh ana srimanganti wetan, kanggo pakurmatan yèn ana putra dalêm kang miyos saka padmi kakung utawa putri, krama, supit tuwin têtês, apadene kramane putra dalêm pambajêng lan wuragil, saka ampeyan.

Sukasna:

zie Ngimagiri no.151.

Sukawati (katuranggan):

Jaran wêton Sukawati kulitane sêdhêng, sikile gêdhe gilig, pasêmone kêndho.

Sukawati:

radèn ayu zie K.G.no.54.

Sukawati:

pangeran zie K.G.no.54.

Sikil Kw.:

kila, suku, simparan, sampeyan, larisan, pada, paduka, jêng, jung, jêngga.

Soklat:

wijine saka tanah Amerikah, rasane kaya kopi zie Dj. I.1907.no.49 en 50.

Sikil ngarêp:

zie srandu katuranggan.

Sikêp (waduaji):

têgêse: piranti, iya iku wong cilik kang nyôngga gawe, lungguhe saparoning paragak.

Sukupanggung:

ciri sukupanggung, unyêng-unyêngan jaran manggon ana sandhuwuring dhêngkul sikil papat pisan, watêke bêcik, nêkakake rijêki. Yèn ganêp pada wadanane pantês kagêm ing ratu.

Sakabat papat:

Ngumar, Ngusman, Abubakar, Ngali.

Siking:

zie gêni.

Sada:

zie wit (krambil).

--- 2 : 962 ---

Sidaarja:

zie abdi dalêm Sragèn letl e.

Sadranan:

Ing ngisor iki araning panggonan kang olèh paring dalêm sadranan, kaya ta:

Cêmani, Kartasura, Karangnôngka, Kudus, Kadilangu, Kaliwungu, Kajoran, Kêmadhu (Janti), Kuthagêdhe, Drana, Dêmak, Taji, Têmbayat, Têgalarum, Tingkir, Sribit, Sariban, Sela, Slêmbi (Janti), Sumênêp, Simawalèn, Sumbêr (Karangnôngka), Wotgalèh, Walèn (Simawalèn), Wêdhi (Kêdhu), Wiyara, Lawiyan, Panitikan, Praon, Padodotan, Pilang, Pepe, Popongan, Pamêkasan, Janti, Jurangjêro, Muryapada, Makamhaji, Madura, Masjid Gêdhe, Mungup, Gunung Adêg, Gunung Kêlir, Giri, Girilaya, Girilayu, Giring, Gambiran, Benang, Barèng, Butuh, Ngèndhèn, Ngrancah, Ngruwèng, Ngampèldênta, Ngimagiri

--- 2 : 963 ---

Sudiradraka (têmbang gêdhe):

laku 13 pêdhotan 5.8. x 2 = 26 x 2 = 52. Kancuh dhadhap mantêp lan alad-alad.

Dhuh ri sang ulun / alênggana sinanggaman / ulun dèrèng wrin / sajatinirèng pawèstri / [...] amaksih suwung / kakang sariraning ulun / mojar Hyang Guru / sangsaya sudiradraka //

Sudirawicitra (têmbang gêdhe):

laku 12 pêdhotan 5.7 x 2 = 24 x 2 = 48.

Lir sadpadèng sun / tumiling mangulati / puspita ingkang / mèdêm endah kang warni / midêr ing taman / anon sêkar warsiki / kêmênyut ing tyas / baya ta jatukrama //

Sidaraja:

zie bathikan.

Sadarmi:

Radèn Ajêng ... putra dalêm P.B. IX zie Im.g.no.179.

Sadak (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak sadak: bênêr, pêkakan têlu.

Sidik:

bênêring pangucap. Amanat, kapracaya. Tablèg, kaandêl.

--- 2 : 964 ---

Sadat:

Ashadu Allah ila haillallah, wa ashadu anna Mukhamaddan Rasullullah, amêruhi ingsun satuhune ora ana Pangeran kang wajib sinêmbah anging Allah. Lan nêksèni ingsun satuhune Kangjêng Nabi Mukammad iku utusaning Allah, ila hailêlah,hailollah. Mukhammadan Rasulullah.

--- 2 : 965 ---

Sadat:

'(salat, jakat, puwasa, kaji)

1. Sadat (sidik, taklim, kurmat, tilawat). a. Sidik, ngawruhi marang Pangeran, sarta marang Kangjêng Nabi Mukhamad, Salalahu Ngalèhi Wasalam, utusaning Allah. b. Taklim, tumêmên maring Allah, ora mungkir ing dalilullah. c. Kurmat, nucèkake maring Allah. d. Tilawat, mêmule maring Allah.

2. Salat, nêmbah maring Allah sarta rumasa kinarya badalullah.

3. Jakat, sidêkah marang pêkir mêskin, lan jakat pitrah marang ngulama, wênange yèn wis duwe mas bobot satail, kêna jinakatake kang patang aga.

4. Puwasa ing sasi Ramêlan, kang ora batal lan ora mêkruh, iku mratandhani utamaning uripe, bisa angrusak hawa napsu, wijange wong pasa ana têlung prakara: kaya ta: a. Pasane mukmin ngam, kêna nginang, udud, susur, kêmu, adus, turu, bukane kêna sasuruping srêngenge, sarta saure kêna nganti pajar gidib (sadurunge srêngenge malêthèk). b. Pasane mukmin kas, ora nginang ora udud, sanadyan mung susur, kêmu, adus, turu iya ora kêna, dalah nguyuh ngising pinêgêng, awit cewok banyune manjing ing jos andadèkake bataling pasane. Wong pasa sogok untu kang kinêcapake lan anggugut lingsaning tuma sawiji, iya batal, bukane: manjinging salat ngisa ilanging sorot bang, sakuresaure (dan di tempat lain). wayah têngah wêngi (= bêdhug bêngi) yèn nganti liwat batal. c. Pasane mukmin kawas, ora buka lan ora sakur ing dalêm sêsasi pasa, bukane ing tanggal sapisan ing sasi Sawal.

5. Kaji (nucèkake awak marang Mêkah). a. Saka kêncênging atine dhewe. b. Kang duwe sarana cukup ginawa sangu lunga lan kang tininggalake ing omah. c. Kang olèh idining ratune. d. Kang olèh idining gurune. e. Gêlêm awèh talak ing rabine lila marang palakine ora nambang sajrone ana ing saba paran, kajaba yèn rabine mau sêtya bêtah ora laki angêntèni kang lanang nganti saulihe kaji.

--- 2 : 966 ---

Sadasa:

êlêr zie Supa letl. c.

Sidawaras:

zie gend.

Sidawayah:

zie gend.

Sidaluhur:

zie bathikan.

Sadulur sinarawèdi:

têgêse: sadulur tunggal budi rewange gêgosokan rêmbug, saka têmbung: sinaraweda = ginosok.

Sêdya:

zie cipta

Sêdayu:

zie tangguh

Sudimara:

zie salêmbi

Sidamukti:

zie bathikan

Sidamukti:

zie gend

Sad guna wêweka:

zie ombe.

Sudagar:

nangkoda, kapila, walija P.R. V. 207-6 juragan, en banija P.R. V. 84-3.

Sadôngsa:

ing Palar, panatah Bathara Guru, wandane: Karna, zie M.N. III, (= P.B. V).

Sato, pasatoan:

a. Pasatoan kanggo nikahan, amèk saka nêptuning dina pasaran lan tanggale, apadene nêptuning sasi taun, kinumpulake dadi siji, binuwang sanga-sanga, bincilane, walu, pangulu, pangantèn, yèn kari:

[...]Halaman 967-973 hilang (teks asli tidak ada). Adapun alih aksara halaman ini diambil dari Fotokopi teks Latin Bauwarna Jilid 2 koleksi Museum Sanabudaya Yogyakarta.

9 bêcik, 6 bêcik manèh, 3 bêcik dhewe ... yèn tibaning petung kari 1, 2, utawa 4, 5, apadene 7, 8, ala kabèh.

Yèn tanggaling sapisan tibaning petung dina ala, ngalih tanggal kaping 2, môngka ala manèh, iya ngalih tanggal kaping 3, sapiturute êndi kang bisa tiba dina bêcik, iku sayoga inganggoa, kaya ta: upama tanggal sapisan, dina Rêbo Wage sasi Sura taun Alip = 1 x 7 x 4 x 7 x 1 = 20 - 18 = 2 ala, ngalih tanggal ping pindho = 2 x 8 x 8 x 7 x 1 = 26-18 = 8 ala manèh, banjur dibacutna nganti olèh dina bêcik, iya iku kang karining petung 9-6 utawa 3 mau.

b. Pasatoan kanggo nikahan, wasiyat saka ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV. Wêtuning bocah lanang wadon kakumpulake dadi siji, kabuwang lima-lima, yèn kari:

1. Sri = karêjêkèn. 2. Dana = boros. 3. Lara = wis ngarani. 4. Pati = wis ngarani. 5. Lungguh = sanadyan malarat nanging dadi priyayi, pangetunge mangkene:

Wêtone Ki Jalela: Jumungah Pon = 13, Wêtone Nyi Boging = 16, Gunggung = 29. 29 dibuwang 5 x 5 = 25, kari 4 tiba pati. Mulane olèhe jêjodhoan Ki Jalela lan Nyi Boging: tansah mati sandhang pangane.

c. Pasatoan kanggo nikahan, kang dilampahake marang Kangjêng Gusti Pangeran Arya Buminata, putra dalêm P.B. III, wêtone bocah lanang wadon, dina pasaran, tanggal, sasi lan taun kakumpulake dadi siji kaya letl. a. bov. kabuwang têlu-têlu yèn kari: 1 bêgja, 2 lara, 3 pati

d. Pasatoan kanggo nikahan, arane cilik bocah lanang wadon kakumpulake dadi siji, kajupuk saka aksarane ngarêp buri kang têngah ora kanggo banjur kabuwang sanga-sanga, dene nêptuning aksara: ha 1, na 2, ca 3. sapiturute tutug aksara: nga, nêptu 20, yèn kari: 1. tanpa timbang ayêming ati, sêmpulur rêjêkine, rukun 2. badhama, padha landhêpan atèn, ora kêna basa kêsliring dadi padu. 3. tinambang, têgêse: pisah nanging ora pêgat. 4. pêdhot, têgêse: pêgat urip. 5. pralina, têgêse: pati nyawa utawa pati rêjêki. 6. luba, têgêse: ora jênakan. 7. padha wanine. 8. lungguh, têgêse: priyayi, sanadyan ora duwe katutugan sakarêpe. 9. luwih bêcik, atut runtut sarta sêmpulur rêjêkine.

Arane Ki Jalela: Suwardi, katêmu 14, arane cilik Nyi Boging: Rêti, katêmu 11, gunggung 25, 25-18 = 7 tiba ing petung padha wanine.

e. Pasatoan kanggo nikahan, arane cilik bocah lanang wadon kapetung dhewe-dhewe, kajupuk saka aksarane ngarêp buri, kang têngah ora kanggo, banjur kabuwang sanga-sanga, nanging nêptuning aksara ora urut kaya ing dhuwur mau, kaya ing ngisor iki:

ha 1. na 3. ca 5. ra 7. ka 2. da 4. ta 7. sa 9. wa 1. la 1. pa 7. dha 3. ja 6. ya 5. nya 10. ma 4. ga 2. ba 4. tha 9. nga 10. yèn kari:

1, 1 - 1, 2 bêcik.

1, 3 tukaran.

1, 4 - 1, 5 - 1, 6 pêgat.

1, 7 dadi satru.

1, 8 tinggal.

1, 9 dadi pangulu.

2, 2 bêcik.

2, 3 mati.

2, 4 bêcik.

2, 5 pêgat.

2, 6 ala.

2, 7 bola-bali.

2, 8 ora pêgat nanging awèt

2, 9 bêcik.

3, 3 tikêl.

3, 4 ora dadi.

3, 5 pêgat

3, 6 bêcik

3, 7 bilai

3, 8 pêgat

3, 9 bêcik

4, 4 jahat

4, 5 - 4, 6 pêgat

4, 7 - 4, 8 dadi satru

4, 9 dèn ucap ala

5, 5 siya bilaine

5, 6 - 5, 7 - 5, 8 pêgat

5, 9 bêcik

6, 6 ala ora pêgat

6, 7 - 6, 8 bêcik

6, 9 pêgat

7, 7 - 7, 8 bêcik

7, 9 kajahatan

8, 8 bêcik.

8, 9 sugih anak nanging bilai.

9, 9 pêgat nanging ora pêgat.

Arane cilik Ki Jalela katêmu 13-9 = 4

Arane cilik Nyi Boging katêmu 14-9 = 5

' = 4, 5

Tibaning petung pêgat, nanging wis buyut loro sarta wis 42 taun gone jêjodhoan (sêsemahan) durung pêgat (1790-1832) mênawa bakale pêgat mati iku mêsthi.

f. Pasatoan kanggo nikahake (nikahan) kang katindakake marang ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VI. = Ambanguntapa.

Nêptuning dina pasaran wêtoning bocah lanang wadon kakumpulake dadi siji, banjur kabuwang pitu-pitu, utawa kêna kabuwang sapuluh-sapuluh yèn kabuwang pitu-pitu mau tiba ala: yèn kari:

1. Wasesa sêgara, 2. Tunggak sêmi, 3. Satriya wibawa, 4. Satriya wirang, 5. Sumur sinaba, 6. Bumi kapêtak, 7. Lêbu katiyub ing angin.

Kaya ta wêtone:

Ki Jalela: Jumungah Pon katêmu 13, Nyi Bohi: Rêbo Paing katêmu 16, gunggung 29

Pangetunge 29-7 ping 3 = 28-1 tiba wasesa sêgara, upama 29-10 ping 2 = 20-9 turah 2 langkah saka 7, dadi kang kêna mung kabuwang pitu-pitu sarta mung kudu tiba: wasesa sêgara.

Upama wêtone tumbuk padha dina Jumungah Pon, 13 x 2 = 26-7 x 3 = 21 = 5, tiba sumur sinaba

utawa 26-10 ping = 20 = 6, tiba bumi kapêtak, mangkono ing sabanjure.

g. Pasatoan kanggo duwe gawe mantu: tingkêban, têtakan, sunatan sapanunggalane, wêwaton saka tanggal sapisan têkan ping lima, banjur bali metung tanggal sapisan manèh = 6 sapiturute nganti tutug tanggal ping 30 upama tibaning tanggale sapisan dina:

Ngahad 1 bêgja, 2 lara, 3 pati, 4 tuna luput, 5 satruning Allah

Sênèn 1 lara, 2 pati, 3 tuna luput, 4 satruning Allah, 5 bungah

Salasa 1 pati, 2 tuna luput, 3 satruning Allah, 4 bungah

Rêbo 1 susah, 2 satruning Allah, 3 bungah, 4 susah, 5 bêgja

Kêmis 1 satruning Allah, 2 bungah, 3 susah, 4 bêgja, 5 lara

Jumungah 1 bungah, 2 susah, 3 bêgja, 4 lara, 5 pati

Sêtu 1 susah, 2 bêgja, 3 lara, 4 pati, 5 tuna luput

h. Pasatoan kanggo tarub dheweduwe. gawe lakune ajêg, wiwit tanggal 1 têkan tanggal ping 7 banjur bali metung tanggal sapisan manèh = 8 sapiturute nganti tutug tanggal ping 30 nanging nyingkirana dina sangar, naas gung, tali wangke, sampar wangke sarta dhêndhan kukudan, kaya ta:

1-8-15-22-29, kagungan ratu, adat kêna rêncana lêlêmbut bumi, sandhungane ora dadi, nanging yèn dadi luwih kuwat.

2-9-16-23-30, nyeluman lanang, adat kinêbat kabêgjane, mlarat salawase, kêrêp kailangan.

3-10-17-24, nyeluman wadon, id. mung kacèk rada suwe.

4-11-18-25, 5-12-19-26 bêcik, sêmpulur rêjêkine.

6-13-20-27, 7-14-21-28 pati lanang pati wadon.

Isarat cagaking tarub nganggo kayu dhadhap srêp siji.

Sêtu:

zie dhatu (11).

Sêton:

zie sêtu.

--- 2 : 974 ---

Sêtinbog:

Iku bangsaning wêdhus, pasabane ing pagunungan tanah Eropah, kêna diingu ing wong, nanging sarana dikrapyak.

Sutra:

Abdi dalêm nyutra kèhe 24, panèwu mantri sajajare, gêgamane panah, pagaweane anjajari, anane prajurit panyutra wis dhèk jaman Mataram, têgêse panyutra: sarwa sutra.

Sutri:

zie tali pada.

Sutarka:

patih adipati ... zie P.N. no.16.

Sêtrik orkès:

zie abdi dalêm kapatihan letl. w.

Sutruping:

Sêtruping iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah Têngah, yèn ing kono môngsa adhêm, ngalih marang pasisiring tanah Eropah Têngah utawa pasisire tanah Mêsir.

--- 2 : 975 ---

Satriya among baya:

Ciri satriya among baya, unyêng- unyêngan jaran ana ing bathuk jèjèr têlu, watêke bêcik, pantês dadi titihane senapatining pêrang, rahayu ing palagan.

Satriya cundhuk kêmbang:

Ciri satriya cundhuk kêmbang, unyêng-unyêngan jaran ana ing bathuk sadhuwuring cithak jèjèr loro, watêke bêcik, pantês dadi titihane panjênêngan ratu.

Satriya kêpanah: Ciri satriya kêpanah, jaran pêpak mathine, duwe unyêng-unyêngan ana saburining mathi mau, kang têngên kapara maju, kang kiwa kapara mundur, dadi kosok baline ciri satriya manah, watêke ala, yèn ginawa prang: nyilakani.

Satriya wirang:

Ciri satriya wirang, unyêng-unyêngan jaran ana ing gulu têngên, watêke ala.

Satriya wibawa:

zie bathikan.

Satriya pinayungan: Ciri satriya pinayungan, unyêng-unyêngan jaran pênêr cêthik sipat ula-ula saburining slebrak, watêke bêcik, titihane priyagung kang amêngku bala, sapa kang ngingu: dadi priyayi, yèn ginawa pêrang rahayu saparane.

Satriya manah:

Ciri satriya manah, jaran pêpak mathine duwe unyêng-unyêngan ana saburining mathi mau, kang têngên kapara mundur, kang kiwa kapara maju, dadi kosok baline ciri satriya kêpanah, watêke bêcik, yèn ginawa pêrang rahayu slamêt.

Sato kewan:

zie khewan.

--- 2 : 976 ---

Sutati:

radèn ajêng ... putra dalêm P.B. X zie Ngimagiri no. 177.

SitisundaraSitisundari. (padhalangan):

wandane gandês.

Sutawijaya:

risang ... = Radèn Ngabèi Saloring Pasar, zie P.N. no. 23.

Siti payah:

' = têtanèn, siti = lêmah, payah kw. zva. sayah.

Sotya:

Ing ngisor iki pêlikan sêsotya kang dadi pasrèn anggon-anggoning manungsa, beda-bedaning rupa andadèkake bedaning rêga, kaya ta:

intên sakêrêt rêga f 100, 75, of 50, intên 2 kêrêt rêga f 125, 100, 75 ... barleyan

pasèt 1 kêrêt = 40 lan f 25,

barleyan 1 kêrêt = 10 lan f 50,

mirah 1 kêrêt rêga f 10, 7.50, of 5,

2 kêrêt rêga f 12, 50,

--- 2 : 977 ---

yakut 1 kêrêt rêga f 1, 75, 50 en 25 cls

selong 1 kêrêt rêga f 0.50, 25, 15, en 10 cls

jumêrut 1 kêrêt rêga f 7.50, 5, 2.50.

nila (biru) 2 kêrêt rêga f 15, 5, 2.50, voor ali-ali.

widuri

akik 2 kêrêt rêga f 3, 2, 1, voor ali- ali.

Intên iku warna têlu, abang kuning lan putih, intên abang iku durung pati akèh umure, yèn wis rada lawas dadi kuning, saya lawas dadi putih, dene kang lawas dhewe dadi putih sêmu biru, iku kang akèh dhewe rêgane.

Intên ing Surakarta kang gêdhe dhewe mung ana siji kagungane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV kagêm mainan karsèt, gêdhene sakêmiri bobot 50 kêrêt (pratelane Ngabèi Patrasudira abdi dalêm panèwu kêmasan) diparingi aran: manik sarkara.

Selong iku luwih dhisik tinimbang yakut, nanging yakut iku iya selong, mung beda-beda dening gosokan bae, selong gosokan pasèt, yakut gosokan barleyan, anadene selong utawa yakut mau dudu bangsaning intên, sanadyan tinêmune saka ing bumi umure wis lawas bangêt, iya mêksa ora bisa dadi intên, awit ora bisa mundhak atos kayadene intên, atose mung ngluwihi saka atosing kristal.

[...] Halaman 978-979 hilang (teks asli tidak ada). Adapun alih aksara halaman ini diambil dari Fotokopi teks Latin Bauwarna Jilid 2 koleksi Museum Sanabudaya Yogyakarta.

Katrangan iki saka ature Ngabèi Citrasudira, abdi dalêm panèwu kêmasan kang misuwur jênênge pintêr marang pakartining kêmasan, gêgaweane padha lan gêgawean tanah Eropah.

Satyaki (padhalangan):

wandane akik, wisuna sarta mimis, zie Wêrkudara

Satama:

kyai ... (mariyêm) En zie P.N.V.

Satomi:

nyai ... (mariyêm) En zie P.N.V.

Kyai Satama Nyai Satomi iku atur-ature Pangeran Jakarta (= Batavia) marang Sultan Bintara ing Dêmak kang wêkasan, pisungsung saka panggêdhening Kumpêni bôngsa Portêgis, nalika taun Masèhi 1515, utawa taun Jawa 1443.

Barêng tutug jaman Mataram, Panjênêngane Ingkang Sinuhun Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, mariyêm loro kang ana ing Dêmak mau kapundhut marang Mataram, nanging ora nganti lawas Kyai Satama kaparingake bali marang Jakarta, awit kacarita sok mrimpèni kang padha jaga rumêksa, sarta sabên malêm Jumungah lan dina Anggara Kasih sok anggêrêng, gawe mirising atine wong kang padha ngrungu. Dadi kang isih lêstari kari Nyai Satomi, dhèk samana dimanggonake ana sadhuwuring bètèng sacêdhaking kori brajanala (= gapit) nuju taun Masèhi 1627 taun Jawa 1565.

Barêng jaman Kartasura panjênêngane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. I, Nyai Satomi kamanggonake ana ing sitinggil têngahing bangsal witana, nanging durung dikurung.

Barêng jaman Surakarta panjênêngane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV. Nyai Satomi lêstari dimanggonake ana satêngahing bangsal witana, nanging dikurung kalawan bêthèk, kinarobong sarta linangse nganggo gêbêr.

Barêng panjênêngane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX winangun sinalinan gêdhongan nganggo jalèn sarta ram, ing jêro linangse linungsir-lungsir, tumêka saiki.

Sawênèhing kaol, mariyêm Kyai Satama Nyai Satomi mau pisungsunge Kumpêni Portêgis marang Pangeran Jakarta ing Batawi, banjur disaosake kunjuk marang Mataram (Sultan Agung) nanging kang siji Kyai Satama kaparingake bali marang Batawi, sinangkalan: murub buta lima wana (1553).

Bênêring arane mariyêm Stoom dadi Satama, Satomi.

Satomi:

zie dhatu (21).

--- 2 : 980 ---

Sutamarta:

jaksa ngabèi ... zie P.N.no.35.

Sitinggil Kw.:

lêmah dhuwur (ora kêlumrah) srenggatana, siti bêntar, sewayana, manguntur tangkil, bacira, baciraya, birasana, bale rungga D.N.K. 25-10 B.

Kang yasa sitinggil sapisan, Prabu Bramaraja ing Gilingwêsi, sinangkalan: wedha karya yuga (443) P.R. II 198-8.

Nalika angyasani sitinggil Surakarta, jumênêng dalêm P.B. III. sinangkalan: wadana sanga angoyak jagadSengkalan: wadana sanga angoyak jagad (1691 A.J., 1765/66 A.D.). (1691) Alip.

Pèngêtan kang tumrap ing pilar pancaksuji undhak-undhakan kang lor pilar kang kulon, saparo aksara Walônda saparo aksara Jawa, unine: iki lêmah dhuwur Surakarta, sing yasa Kangjêng Susuhunan Paku Buwana kaping tri, wiwit Rêspati Wage tanggal 22 Ruwah Jimakir 1682.

Sitinggil kidul:

zie Dhatu (44).

Sis:

Nabi

Ingkang yuswa Nabi Sis 712 taun, kitab katratul Gais blz.8.

Maar kitab Genisis art. 5 ayat 8 yuswa 912 taun, voorb.

Zoo waren al de vlagen van Seth negen honderd en twaalf jaren: en hij stierf.

Bagus Ngarpah

Sasa:

1 Tj.B. sèwu 2 Kw. kukuh, lintang, bantêr.

Sasi:

Kangjêng Ratu zie K.G.no. 39.

Sasi:

Ing ngisor iki araning sasi nêptu sarta ngumure, kaya ta:

Sura K.N., Suntên:kD., Mukaram kN ... Muharam nêptu 7 ari, 5 pas, ngumur 30 dina

Sapar kN Syafar nêptu 2 ari, 5 pas, ngumur 29 dina

Mulud kN, Mêlêd kD, Rabingulawal kN ... Rabiu'l-awal 3 ari, 4 pas, ngumur 30 dina

Rabingulakir kN. Rabiu'l-achir 5 ari, 4 pas, ngumur 29 dina

Jumadilawal kN Jumadi'l-awal 6 ari, 3 pas, ngumur 30 dina

Jumadilakir kN Jumadi'l-achir 1 ari, 3 pas, ngumur 29 dina

Rêjêp kN Rêjab nêptu 2 ari, 2 pas, ngumur 30 dina

Ruwah kN, Saban kN ... Syaban nêptu 4 ari, 2 pas, ngumur 29 dina

Pasa N, Siyam K, Ramêlan kN ... Ramd.-lan nêptu 5 ari, 1 pas, ngumur 30 dina

Sawal kN Syawal nêptu 7 ari, 1 pas, ngumur 29 dina

Dulkangidah kN, Apit kN ... Dzulkaedah 1 ari, 5 pas, ngumur 30 dina

Bêsar kN, Dulkijah of Dulkaji kN ... Dzul-hijah 3 ari, 5 pas, ngumur 29-30 dina

Ing dalêm sataun 354 of 355 dina

Ingaran wastu wuntu.

--- 2 : 981 ---

Sasasi iku 4 Jumungah. Utawa 6 Pasaran. Utawa 29 of 30 dina. Utawa 720 jam. Utawa 48.200 mênut. Utawa 2.592.000 sêkon.

Saline sabên tanggal sapisan.

Sasi Jawa lan sasi Walônda ing dalêm sataun kacèk 10 dina of ing dalêm 3 taun kacèk sêsasi.

Nêptuning taun kang ngarêp kanggo anggolèki dina, kang buri kanggo anggolèki pasaran tibane tanggal sapisan, zie dina pasaran.

Sasi (nahas):

sawênèh ingaran: nahasing tanggal, kang ajêg tibane ing dalêm sêsasi ping têlu, mung sasi Bêsar dhewe ping pindho: kaya ta:

Sura ... tanggal ping 11, 16, 18. Sapar ... tanggal ping 1, 10, 20. Mulud ... tanggal ping 8, 10, 20. Rabingulakir ... tanggal ping 10, 20, 28. Jumadilawal ... tanggal ping 1, 11, 28. Jumadilakir ... tanggal ping 10, 14, 18. Rêjêp ... tanggal ping 2, 14, 18. Ruwah ... tanggal ping 12, 13, 26. Pasa ... tanggal ping 9, 20, 24. Sawal ... tanggal ping 2, 10, 20. Dulkangidah ... tanggal ping 12, 13, 28. Bêsar ... tanggal ping 6, 10

--- 2 : 982 ---

Sasi (sangar):

Ing ngisor iki sangaring sasi wis dipathok sabên sêsasi ping pindho, sarta tibaning dinane iya wis dipathok, saline sabên têlung sasi sapisan, mung sasi kang têtêlu sangare sapisan, ora kaya kang akèh-akèh ming pindho, kaya ta:

Pasa, Sawal, Dulkangidah ... Jumungah

Bêsar, Sura, Sapar ... Sêtu, Ngahad.

Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal ... Sênèn, Salasa

Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah ... Rêbo, Kêmis

Sasi (pati uriping):

Ing ngisor iki pati uriping sasi sajrone sataun, ôngka sajroning kolêm anuduhake araning sasi, kaya ta ôngka 1 = Sura, ôngka 2 = Sapar, ôngka 3 = Mulud sapiturute têkan ôngka 12 = Bêsar, dene têtêngêr-anuduhake yèn sasi iku ora mati lan ora urip = sêdhêngan, kaya ta:

--- 2 : 983 ---

Taun, Uriping sasi, Patining sasi, Katrangan, Alip, 1, 9, 11, Têgêsipun Alip 1 en 9, 11 punika: uriping sasi, salêbêtipun taun Alip, namung wulan Sura ingkang gêsang sarta patining sasi salêbêtipun wulan Sura wau namung Siyam kalihan Dulkangidah, liya wulan tiga ing nginggil wau botên kacariyos., Ehe, 1, 2, 6, 7, 8, 10, 4, 9, 11, 12, Jimawal, 7, 8, 10, 1, 2, 3, 5, 12, Je, 4, 5, 6, 7, 8, 9, 12, 1, 2, 3, 10, 11, Dal, 6, 7, 8, 12, 2, 3, 8, 10, Be, 6, 12, 1, 2, 7, Wawu, 2, 3, 4, 6, 8, 9, 1, 10, 11, 12, Jimakir, 3, 5, 7, 8, 10, 12, 1, 11[grafik].

Sasi Cina:

Aran sarta umuring sasi Cina, kaya ta:

Cia ... gu-e ... ngumur 29 dina.

Ji ... gu-e ... ngumur 30 dina.

Sa ... gu-e ... ngumur 29 dina.

Si ... gu-e ... ngumur 30 dina.

Go ... gu-e ... ngumur 29 dina.

Lak ... gu-e ... ngumur 30 dina.

Cie ... gu-e ... ngumur 29 dina.

Pe ... gu-e ... ngumur 29 dina.

Kau ... gu-e ... ngumur 30 dina.

Cap ... gu-e ... ngumur 30 dina.

Cap it ... gu-e ... ngumur 29 dina.

Cap ji ... gu-e ... ngumur 30 dina.

354 dina

--- 2 : 984 ---

Sasi:

Ala bêciking sasi kang ginawe mêmantu enz.

Pituture Dhatuk Bahni ing Marapi (Grobogan) marang Jayèngrêsmi (Sèh Amongraga) yèn wong arêp duwe gawe mêmantu amiliha sasi kang bêcik, petungane kaya ing ngisor iki:

Sura, ala, sugih utang.

Sapar, ala, wikan kang pinanggih.

Mulud, ala, mati salah siji.

Rabingulakir, ala, kêrêp nêpsu tansah padu.

Jumadilawal, ala, duraka, jina, kawirangan, kêrêp kamalingan.

Jumadilakir, bêcik, sugih mas picis.

Rêjêp, bêcik, sugih anak lan sugih dunya.

Ruwah, raharja.

Pasa, druhaka.

Sawal, gêringan.

Dulkangidah, nêmu susah bangêt.

Bêsar, raharja. Zie Tjent. I.

--- 2 : 985 ---

Sasi Walônda:

Aran sarta umuring sasi Walônda, kaya ta: Januari umur 31 dina, Februari umur 28-29 dina, Maart umur 31 dina, April umur 30 dina, Mei umur 31 dina, Juni umur 30 dina, Juli umur 31 dina, Augustus umur 31 dina, September umur 30 dina, October umur 31 dina, November umur 30 dina, December umur 31 dina.

Ing dalêm sataun 365-6 dina.

Sarèhning ngumure sasi Febr ora ajêg, tarkadhang 28 tarkadhang 29 dina, yèn arêp sumêrêp pira ngumure, iku angkaning taun dibuwang papat papat, yèn kari 1, 2, 3, ngumur 28 dina, dadi taun wastu 365 dina, yèn êntèk ngumur 29 dina, dadi taun wuntu 366 dina, panyêngklonge mangkene.

1894-1880 = 14 -12 = 2 dadi ngumure sasi Febr taun 1894 tinêmu 28 dina.

Sasi Walônda ing dalêm sataun 365-6 dina.

Sasi Jawa ing dalêm sataun 354-5 dina.

--- 2 : 986 ---

a. Ing ngisor iki nêptune sasi Walônda, kang lumaku kurup Akadiyah, gunane ginawe ngupaya dina tanggale sapisan sasi taun kang wis utawa kang durung kalakon kaya ta: Januari nêptu 0 wst.wnt, Februari nêptu 3 wst.wnt, Maart nêptu 3 wst.4 wn, April nêptu 6 wst. 7 wnt, Mei nêptu1 wst.2 wnt, Juni nêptu 4 wst.5 wnt, Juli nêptu 6 wst.7.wnt, Augustus nêptu 2 wst.3 wnt, September nêptu 5 wst.6 wnt, Oktober nêptu 7 wst.1 wnt, November nêptu 3 wst.4 wnt, December nêptu 5 wst.6 wnt.

b. Pangetunge mangkene

Kang ginawe jêjêr dhisik angkaning taun, banjur kabage papat, yèn tinêmuning pambage nyikal, 1-2-3 dadi pêcahan, iku banjur kêna kaetung dadi siji wutuh, kaya ta:

4/1898/474

16, 29, 28, 18, 16, malang 2 dadi pêcahan = 1[grafik].

--- 2 : 987 ---

c. Angkaning taun mau bali ginawe jêjêr manèh, kaya ta: taun 1898, winuwuhan pakolèhing paparan 474, winuwuhan manèh malangan 2 = 1 (zie b), wusana winuwuhan manèh nêptuning sasi Januari 0, Gunggung 2373, banjur kabuwang pitu pitu = 7 x 339 = 2373 êntèk.

d. Yèn dibuwang pitu pitu êntèk, iku kaetung kari 7 kawiwitan saka dina Ngahad, dadi tanggale sapisan sasi Januari 1898 nuju dina Sêtu.

e. Ing ngisor iki nêptune sasi Walônda kang lumaku kuruping pasaran Pon, gunane ginawe ngupaya pasaran tanggale sapisan sasi taun kang wis utawa kang durung kalakon, kayadene letl. a kaya ta: Januari nêptu 0 ws. wn, Februari nêptu 1 ws. wn, Maart nêptu 4 ws. 4 wn, April nêptu 5 ws. 1 wn, Mei nêptu 5 ws. 1 wn, Juni nêptu 1 ws. 2 wn.

--- 2 : 988 ---

Juli nêptu 1 ws. 2 wn, Augustus nêptu 2 ws. 3 wn, September nêptu 3 ws. 4 wn, October nêptu 3 ws. 4 wn, November nêptu 4 ws. 5 wn, December nêptu 4 ws. 5 wn.

f. Petunge mangkene: id (letl. b)

mung yèn ekaning paparan kang ekan awujud 0 kudu kapetung = 5. Yèn wujud pêcahan, mung kapetung = 1 padha lan letl b. mau.

g. Angkaning paparan mung kajupuk ekane bae. (Zie b.) 4

Winuwuhan malangan 2 = 1, Winuwuhan manèh nêptuning sasi Janu (zie e) 0, Gunggung 5

(luwihe saka lima kabuwang lima utawa lima lima) kawiwitan saka pasaran Pon, dadi tanggale sapisan sasi Januari 1898, nuju pasaran Paing, kumpule karo letl. d. dadi: Sêtu Paing, mêngkono ing sabanjure. Kawruh iki saka R.ms P. Danuasmara ing Surakarta.

Sêsê:

niet sisi Tj.B. bêndu

Susu Kw.:

tetya, santên, saridha, lêmak, puhan, payudara, pambayun.

Susu:

Tj.B. pambayun.

Sese:

niet.

Soso:

niet

Susah Kw.: [K...]

--- 2 : 989 ---

[...w.:]

ancah, huru, horêm, hasuma, hasmara, alin-alin, hapana, hyun, hamong kung, hangglêg, rancaka, rudatin, ruwi, rimang, ragirsa, kuncana, kunjana kingkin, karungrungan, kêkêling, kasmaran, kawêhan, kêling, kamohitan, kaba-kaba, kung, kingkin, duhka, duhkacipta, duhkita, dukacipta, turida, turita, tikbra, tibra, sêkêl, sungkawa, sangsara, wihan, wirage, wragya, wuragyatên, wirong, wirangrong, wulangun, wipara, wiyadi, wiyoga, wuyung, wagugên, lêk, pêhan, prihatin, pragya, pragnya, mohita, manêkung, manasasa, monêng, mandanayun, malatkung, mèpu, mangungkung, mangarang, gla, giyuh, braminta, brôngta, ngarang

Susuh:

wangsalan Tjent. sudhung pêksi. Susuh wigar, ciri susuh wigar bobating buntut jaran sok malêbu marang silit, watêke ala kêrêp pasulayan, ginêthingan ing akèh.

Sasana drawina:

zie dhatu (33).

Sasana sewaka:

zie dhatu (32).

Sasana parasdya:

zie dhatu (34).

Sasur (waduaji):

Têgêse pêparaning puluhan kapara loro, iya iku 5 tutug 30, diarani: sasur = saasur têgêse: saonjotan.

--- 2 : 990 ---

Sêsêr:

zie kambil karajan.

Susur:

Wiwite ana wong kang susur, maune thêthukulan, godhonge diêmut ginawe tômba untu, wong padha kalantur muni têmbako verk.v. têmbe mêngko, sinangkalan: lawanging wong têlu (319) P.R.

Sèsèr:

Arane wisaya iwak kali ing banyu gêdhe utawa cilik padha bae, kang nèsèr nyêmplung ing kali nanging mung ana pinggir bae, olèh-olèhane iwak bangsaning wadêr cilik-cilik, kang mêsthi urang.

Sêsuruh:

R = Prabu Brataka.

Sasrahan:

pangantèn nganggo sasrahan, iku agama Wisnu.

Sasranagara:

radèn tumênggung ... zie sumping.

Sasranagara:

kangjêng radèn adipati ... zie patih no. 50.

Sasranagara:

kangjêng radèn adipati ... zie patih no. 27. Ridêring Ordhê Nèdêrlansên Leyo, pêpatih ing Karaton Dalêm Surakarta (P.B. IX. 22. t). Iku putrane:

Radèn Panji Wiryadipura, putrane

Radèn Ngabèi Sasrataruna, putrane

Radèn Ngabèi Purwakusuma, putrane

Kyai Agêng Dipati Arya Mataun.

Kangjêng Radèn Adipati mau krama olèh wayah dalêm P.B. IX. putrane Radèn Ayu Jayaningrat (zie Ng. no. 108), barêng seda sumare Manang, nunggil lan ingkang garwa.

Sasradiningrat I.:

radèn adipati ... pêpatih karaton dalêm Surakarta (P.B.III.13 t) seda sumare ana ing Batawi, iku putrane:

Radèn Rôngga Kartayuda II, putrane

Radèn Rôngga Kartayuda I, putrane

Radèn Rôngga Kartawirya, putrane

--- 2 : 991 ---

Kiyai Ragabagus, putrane

Kiyai Agêng Ragasuta, putrane

Kiyai Agêng Lurungtêngah, putrane

Kiyai Agêng Sela

Sasradiningrat II.:

Kangjêng radèn adipati ... pêpatih karaton dalêm Surakarta, iku wiwite pêpatih sinêbut: kangjêng (P.B. IV 5 t, V 3 t, VI 6 t. en VII 18 t = 32 taun) kaparingan momongan putri dalêm P.B. IV. nanging ora patutan, seda katarima sumare Ng.g. putrane: Radèn Adipati Mangkupraja: ayah

a. Kangjêng Radèn Adipati yasa wayang purwa, panatahe Cêrmapangrawit sakancane, sabên wayangan gamêlane nganggo bonang panêrus, yèn nuju muni gêndhing nganggo disindhèni ing talèdhèk, dhalange aran Widiyaka.

b. Kangjêng Pangeran Adipati kagungan abdi badhut bisa dadi dhalang wayang kalithik, aran Malangsumirang, tabuhane gamêlan pelog, mung playune utawa yèn pêrang isih nganggo playon bango-bango mati.

Sasradiningrat:

Radèn ayu adipati ... garwane Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat II, putra dalêm P.B. IV. (zie Ng.g 172).

Sasradiningrat III.:

Kangjêng radèn adipati ... pêpatih karaton dalêm Surakarta (P.B.VII. 11 t, VIII 4 t, IX 5 t = 20 taun), kaparingan momongan putri dalêm P.B. IV pêputra Radèn Mas Tumênggung Arungbinang, sasedane kaparingan momongan manèh putri dalêm P.B. VII ora patutan seda sumare Jabung, iku putrane:

Radèn Tumênggung Arungbinang, putrane

Kiyai Tumênggung Ônggawôngsa, putrane

Kiyai Tumênggung Wuragil, putrane

--- 2 : 992 ---

Radèn Bêkêl Wirabumi, putrane

Radèn Lurah Wirabumi, putrane

Radèn Tumênggung Wôngsadirja ing Pagêlèn, putrane

Pangeran Bumidirja, putrane

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Adi Prabu Anyakrawati: sumare Krapyak.

Sasradiningrat:

Radèn ayu adipati ... garwane Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sumare Jabung, putri dalêm P.B. IV. zie Ng.g. no.140.

Sasradiningrat:

IV kangjêng radèn adipati ... Opisiring OrdhaOrdhê. Oranye Nasao Srinugraha pangkat I. Opisiring Krun Ordhê ing Siyam, pêpatih karaton dalêm Surakarta (P.B. IX. 4 t, X t =) kaparingan momongan putri dalêm P.B. IX pêputra 7 kakung 5 putri 2. Kangjêng Radèn Adipati mau putrane Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara putra no 10 saka sadhèrèk 12.

Sasradiningrat I.:

Batawi zie P.N. 44. en zie Patih no. 19.

Sasradiningrat II.:

Ngimagiri zie P.N. 45, 46, 47 en 48 no 25

Sasradiningrat III:

Jabung zie P.N. 48, 49, en 50 no.26.

Sasradiningrat IV:

zie P.N. 50 en 51 no 29.

Sasrawijaya:

Radèn Ayu ... = Radèn Ayu Adipati Mangkupraja (garwa patih) putra dalêm P.B. III zie Ngi. no.113.

Sasadara kawêkas:

zie swandana.

Sastra (padhalangan):

Dhalang kudu bisa maca, dadi bisa nyumurupi unining layang pakêm padhalangan: lakon wetan utawa kulon, iya iku bedane Bagong apa Petruk.

--- 2 : 993 ---

Sastranagara:

pujôngga tumênggung ... = Ngabèi Yasadipura II Zie P.N.no.47 en 48.

Sastrakusuma (têmbang gêdhe):

laku 12 pêdhotan 5-7 x 2 = 24 x 2 = 48.

Lêng-lênging driya / mangu-mangu mangunkung / kandhuhan rimang / lir lena tanpa kanin / yèn tan tulusa / mêngku sang dyah utama / Sang Dasamuka / wuwusira ngrarêpa //

Sastrawijaya:

pujôngga ngabèi ... zie P.N.no.44.

Sastramênggala (têmbang gêdhe):

laku 15 pêdhotan 7.8. x 2 = 30 x 2 = 60. en zie Manggalagita.

Bramara rèh manguswa / amung ambrangêngêng kadi / karunaning kaswasih / anèng marga amalatkung / sang Gônda WatratmajaWastratmaja. / lêng -lêng lalu angulati / surya mangrangsang wayah / umyus amarawayanta //

Sastragêni:

zie tangguh.

Sastrabanyu:

zie tangguh.

Sèsiya:

iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah Têngah.

Susilarukmi:

radèn ... zie K.S.no.41.

Sasadara kawêkas (têmbang kawi):

laku 20 pêdhotan 7.7.6. x 2 = 40 x 2 = 80.

Mèh raina sêmu bang / Hyang Aruna kadi ne- / traning angga rapuh / sabdaning kokila ring / kanigara sakêtêr / kinidungane kung / lir wuwusing pinipan- / sa pêpêtoking ayam / wênèh ring pagagan / mrak manguwuh bramara / ngrabasèng kusuma ring / para aswana rum //

--- 2 : 994 ---

Sasmita:

zie mega.

Sisig:

Wiwite ana wong sisig, saka widadari pêpitu, Dèwi Supraba enz. Zie badhaya, kang ginawe tunjung lan wohing jaha, sinangkalan: swara karêngèng karna (267) P.R.I.248-1.

Susug:

Wiyasa iwak kali ingaran susug, bakale pring saglêndhêng disigari cilik-cilik kandhêg ing ros kang dhuwur, ing ngisor dibênggang banjur dianami, ing bongkot dadi ing pucuk sarta dilancipi, ros kang ora dipêcah dadi cêkêlan.

Kanggone amèk iwak yèn nuju kali cilik ing wayah bêngi sarta nganggo anggawa damar, lumrah ingaran: nyuluh. Wis watêke iwak kali yèn ana padhang-padhang ing wayah bêngi: diparani, sarta ora sumurup marang wonge kang anggawa damar, amarga blolokên, banjur ditubruk ing susug gampang bae, panjupuke iwak kang ana sajroning susug, dirogoh saka ing dhuwur, ing kono wis didokoki bolongan sasêdhêging tangan.

Mungguh kanggone wisaya susug mau ora ana ing kali bae, iya bisa ana ing sawah utawa ing jêjombokan kang kathukulan galagah rayung sapêpadhane, adat olèh-olèhane iwak, kutuk, sênggaringan, lele utawa liya-liyane.

Sawo:

wangsalan Tjent, kang tansah kabrawuk = kasiwo.

Sawo:

pangeran ... zie Sela no.14 III.

Sawo:

nyai agêng ... zie Giri no.5 (putrane Sunan Giri).

Suwa:

zie wit (arèn).

Sèwu:

zie abdi dalêm sèwu

--- 2 : 995 ---

Sèwu (waduaji):

Kang aran bumi sèwu, iya iku bumi tanah Pagêlèn kang kulon, kabubuhan nyôngga bausuku zie numbakanyar.

Sèwu (bupati ...):

1. Kyai Tumênggung Arungbinang I ngalih nama Kyai Tumênggung Ônggawôngsa, 2. Kangjêng Pangeran Angabèi, mingsêr dadi bupati gêdhe, 3. Radèn Tumênggung Puspanagara, 4. Radèn Tumênggung Wiraguna, 5. Radèn Tumênggung Kêndhuruhan, 6. Radèn Tumênggung Sumadilaga, mingsêr dadi Bupati Panumping nama Radèn Tumênggung Cakranagara, banjur munggah dadi pêpatih nama lêstari Radèn Adipati Cakranagara, zie Panumping no.8, 7. Radèn Tumênggung Cakrajaya, munggah dadi patih nama Radèn Adipati Danuningrat, 8. Radèn Tumênggung Arungbinang II, 9. Radèn Tumênggung Arungbinang III, ngalih nama Radèn Tumênggung Jayanagara I munggah dadi patih nama Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat III, 10. Radèn Mas Tumênggung Ônggawôngsa, ngalih nama Radèn Mas Tumênggung Arungbinang IV, 11. Radèn Mas Tumênggung Mangunkusuma, banjur makili pêpatih nama Radèn Mas Adipati Mangunkusuma, sumare Barèng, 12. Radèn Tumênggung Jayanagara II, sumare Krecekan, 13. Radèn Mas Arya Suryanagara wayah dalêm P.B. VI, mantu dalêm P.B. IX. seda sumare Cêmani, 14. Radèn Tumênggung Jayanagara, putranipun Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, mantu dalêm P.B. X jumênêng patih, 15. Radèn Mas Arya Tôndhanagara, putranipun Kangjêng P. Arya Natakusuma, mantu dalêm P.B. X

--- 2 : 996 ---

Suwur:

Ing ngisor iki têmbung pangrêngganing para wirotama, kaya ta: kuncara ing amôncapraja, kontap ing kotamanira, kondhang kagunanira, kasub kasudibyanira, kalok kabagusane, kaloka kajana priya, ing jana linuhung, kumbul padhukunane, sumbaga wirotama, misuwur kaprawirane.

Swara:

asraking asranging. ampuhan.

Asranging samirana, umung swaraning paksi môngsa wowohan, kriciking kêndhali, krapyaking watang gathik.

Kaleyang angrapak kapidak ing pada kumrasak.

Kumêncranging pêdhang.

Kumrasak kaya udan nrajang alas pajatèn.

Kumrisiking cêmara kamarutan, sata wana anjrit.

Sêbiting dwaja suwak.

Lêpasing gundhala titir.

Pêtoking sata matarangan.

Palêthoking pring pinêcah.

Pambêkèring kuda ing pandêngan.

Pangriking kuda B.T.D. 537- 2

Pangêmprèting dipôngga, panggroning sardula, panggriting kori kapawanan.

Panggêmpronging sima

Jêgigrèging sata wana

Mrak nyangungong Tjent. 93-5 v.o.

Gêdêbêging lumaku B.T.D 346-7.

Bêngohing andaka lawung.

Ngakak kaya ula sawa.

--- 2 : 997 ---

Siwah:

Iku bocah kang rupane salewah P.R. 197 (29)

Swuhbrastha (mariyêm):

Mariyêm kang aran Kyai Swuhbrastha, iku pisungsunge tuwan Jendral Jan Pitrê Sun Kun, marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, nalika taun Mèsèhi 1628 utawa taun Jawa 1566

Swuhbrastha = rusak sirna.

Swônda:

nyai riya ... zie K.G. no. 72

Swandana (têmbang gêdhe):

lagu 20 pêdhotan 7.7.6 x 2 = 40 x 2 = 80

Kancuh sasadara kawêkas / sunsung. nugraha sadaya / prasamya mangastuti / umung jaya-jaya / tanpa sisihaning rat / Sang Aprabu Jayabaya / narpati utama //

Tulo jayèng buwana / Jayabaya narpati / mèngêt sigra mangar- / cana riwusning bubaran- / nira Sang Bathara Ci / lirning kang swandana //

Sawur:

wong ora sêsawur dadi pangane Bathara Kala.

Siwur:

zie abdi dalêm gêdhong kiwa têngên

Swarga:

Arb. Pirdos (M.M. 12-9 v.o.) janatun ngadênin

Sawat:

zie tatahan

Sawit:

zie abdi dalêm Bayalali letl. b

Suwasa:

zie mas (4). Suwasa iku dudu barang pêlikan, saka pamoring mas karo têmbaga, dadi rupa suwasa. Nom tuwaning suwasa manut bakale. Kaya ta:

1. adu gathuk, iku bêcik dhewe, mas sarta têmbagane padha. 2. adu pat lima, mase patang bagean, têmbagane limang bagean. 3. adu limalasan, mase rong bagean, têmbagane têlung bagean.

--- 2 : 998 ---

4. luwihe saka limalasan, wis ora bêcik aran: suwasa bubul.

Suwul:

zie sayang.

Suwul anthuk-anthuk:

zie sayang.

Suwelacala:

prabu ... zie P.N. no. 3 Swalanara zie Wisalwa Arini

Suwiyah:

radèn ajêng ... putra dalêm P.B. IX zie Ng.g. no. 72

Suwam:

iku bangsaning manuk.

a. suwam dumunung ing tanah Asiyah, kêna diingu ing manungsa, didokok ing balumbang. b. suwam alasan, uga dumunung ing tanah Asiyah, nanging ora kêna diingu ing manungsa.

Suwêg:

Suwêg iku thêthukulan kang ora tinandur ing manungsa, ana uga kang tinandur, ananging ora ana ing sawah utawa ing patêgalan, ana ing pakêbonan kang ayom. Panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis sataun kêna didhudhuk, pangolahe mung digodhog, sarta kudu dioncèki kulite kang rêsik, awit kulit suwêg iku anggatêli. Kang muni ing layang Br. 1908 no. 97, suwêg iku ana rong warna,

1. suwêg kêtan, papahe irêng rasane pulên.

2. suwêg bêras, papahe putih rasane pêra.

Wangsalan Tjent. basa lagi-lagi olèh dening sawêg.

Suwêng:

Ing ngisor iki araning suwêng sawatara, kaya ta:

Onang-onang: suwêng irêng (sungu)

Orang ayu sungsun: wêr (godhong gêdhang)

Orang ayu lômba: lompong kèli

Cina nginang: panunggul siji

Cêplik: jêmblokan

Kokar: modangan

Kêmbang tanjung: grompol

Kêmbang sataman: gumyur

Tongkengan: bapang§ Bapang = kêmbang sataman, kacèk brumbungane dawa sadriji panuduh, saiki mung ing karaton kang isih ana, kagêm pangantène putri dalêm. (suwêng jaman kuna)

bêjèn srêngenge, sungsun, lômba.

--- 2 : 999 ---

Sawunggaling (gêndhing):

zie gend. bon. pat. limo pel. En gend. En zie gend. gendèr.

Sawunggaling (barang):

wujude kaya ayam alas, zie upacara letl. f

Sala:

zie Surakarta. Têlênge desa Sala, saiki ikunasan, mangulon têkan pakapalan kapatihan, mangetan watês bangawan, barêng dadi nagara aran: Surakarta, pambabade sinangkalan: brahmana nênêm angoyak jagad (1668).

Sêla:

zie abdi dalêm Bayalali letl. d.

Sili:

wangsalan Tjent. nêmu kelangan.

Sela:

Ing ngisor iki pratelane lêluhur dalêm kang sumare ing Sela, sarta liya-liyane kang kalêbu gêbêngan sela kang padha olèh paring dalêm sadranan kaya ta:

1. Kramutan (Dist. Sela) Nyai Agêng Bokong, putrane Kyai Agêng Sela.

2. Kadibaya (Dist. Sela) Nyai Agêng Kadisaba, kêlantur karan Nyai Agêng Saba, putrane Kyai Agêng Sela.

3. Klêbèn (Dist. Sela) Nyai Agêng Pêgêng, pêparab Nyai Agêng Lurung Têngah, putrane Kyai Agêng Sela.

4. Kuthawarung (Dist. Kuwu) Radèn Arya Ônggakusuma, putrane Pangeran Mandurarêja, wayahe Nyai Agêng Saba.

5. Taunan (Dist. Kuwu) Pangeran Soka, en Pangeran Dlimas ... padha putrane Arya Panangsang ing Jipang.

6. Tarub (Dist. Sela) a. Dhepok ing Tarub. b. Dhepok ing Lêmbupêtêng. c. Dhepok ing Gêtaspandhawa.

7. Sela (Dist. Sela) I. Pasareane Kyai Agêng Sela. II. Pasareane garwa sêpuh. III. Pasareane garwa nèm. IV. Pasareane marasêpuh saka garwa sêpuh.

--- 2 : 1000 ---

8. Saba (Dist. Sela) Nyai Agêng Saba putrane Kyai Agêng Sela.

9. Wanabaya (Dist. Sela) Kyai Agêng Kuning marasêpuhe Kyai Agêng Sela, saka garwa nèm.

10. Pondhok (Dist. Sela) I. Kyai Agêng Wanasalam ing Dêmak. II. Radèn Tumênggung Wilatikta ing Tuban. III. Pangeran Mêgatsari putra Pragola ing Pathi. IV. Ingkang garwa Pangeran Mêgatsari.

11. Pakis (Dist. Sela) Nyai Agêng Pakis Lor putrane Kyai Agêng Sela.

12. Pakis (Dist. Kuwu) Nyai Agêng Pakis Kidul putrane Kyai Agêng Sela.

13. Pasuson (Dist. Wirasari) Radèn Tumênggung Wiryanagara, Pucanganom.

14. Jurug (Dist. Sela) I. Pangeran Natapraja putrane Sèh Majagung. II. Ingkang garwa.

III. Pangeran Sawo, IV. Pangeran Wijil ... putrane Pangeran Natapraja.

V. Pangeran Suryakusuma wayahe Pangeran Natapraja.

15. Mangsul (Dist. Purwadadi) Nyai Agêng Mangsulan, 16. Bangsri (Dist. Sela) Nyai Agêng Bangsri, 17. Ngêmplak (Dist. Sela) Nyai Agêng Purna ... padha putrane Kyai Agêng Sela.

Sela:

zie abdi dalêm Sela.

Suluh:

Wong amèk iwak ing wayah bêngi sarana damar turut kali nganggo susug, utawa karo susug, mung karo lading bae kanggo mancas iwak, ingaran: nyuluh, zie susug.

Suluhan:

zie srandu kêbo sapi.

Salendro:

zie gamêlan letl. b en c, anane gamêlan salendro bênêre, surendra, yasane Sang Hyang Endra, sinangkalan: swaranèng saliraning karna (287).

Salendro (padhalangan): [(...]

--- 2 : 1001 ---

[...padhalangan):]

Wiwite gamêlan salendro ginawe nabuhi wayang purwa, saka karsane Prabu Suryawisesa ing Jênggala, nganggo pathêtan, grêgêt saut sarta têmbang gêdhe, zie Kasatriyan.

Gamêlan salendro jaman Majapait, beda karo jaman Dêmak, amarga diwuwuhi wilahane marang Sunan Giri, zie wayang purwa rai miring.

Salundhing:

' = saron.

Sulanjari (têmbang gêdhe):

laku 20 pêdhotan 8.6.6 x 2 = 40 x 2 = 80.

Tandya bala Pandhawambyuk / gumulung mangungsir / ring sata Korawa / kambah kongkih sru katitih / mirut kerut larut / katut para ratu //

Tuwin sagung pra dipati / mirut kapalayu / sigra praptanira / Aswatama têtanya lah / pagene ta iki / ya padha lumayu.

Slênthêm:

zie gamêlan (ricikan) letl. f.

Sajumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III karsa yasa saron nganggo kucu ingaran: slênthêm, sinangkalan: wêlut anglèng obah ing bumi 1693. Sengkalan: wêlut anglèng obah ing bumi (1693 A.J., 1767/68 A.D.).

Slênthêm gantung:

Anane slênthêm gantung saka anggite Kangjêng Panêmbahan Buminata, putra dalêm P.B. IV.

Sela cêndhani:

Rinawatan ing omah ora kabuntêl, ngalisake gêni salira kw. Kawuk, manyawak, madyangga.

Selarêja:

zie abdi dalêm Surakarta letl. e.

Silir bantên:

zie gend. bon. pat. bar. pel.

Silarong:

pangeran ... zie K.G. no. 67.

Salak Kw.:

Salyaka en zie wit. Wangsalan Tjent. kang kêsusu, olèh dening sêlak.

Suluk:

Kang nganggit suluk wayang purwa lan wayang gêdhog, Sunan Giri, zie Tunggul.

--- 2 : 1002 ---

Suluk iku bawa swaraning dhalang kang ditampani ing gêndèr, iku diarani sêndhon, minôngka pasêmoning wayang kang dèn suluki, utawa pasêmoning dhalang marang niyagane bakal anjaluk gêndhing, anadene kang diarani: suluk:

a. Ada-ada, ginawe adêging jêjêr supaya dhalang elinga bakal pangucaping ratu kang jinêjêr.

b. Kloloran, ing wayah pathêt sanga, ginawe nyuluki wayang yèn nuju pondhongan.

c. Tlutur, pancène pathêt nêm, nanging yèn ana wêlasan ing wayah pathêt manyura, iku nganggo suluk talutur barang miring, supaya aja kongsi salin pathêtane.

d. Pananggalan, manyura gêdhe sinilih ginawe suluk pathêt nêm, kagawa saka patuting wayang kang dèn suluki. Suluk pananggalan iku suluk kang nyêlani pathête.

e. Grêgêt saut, sasmitaning wayang nêpsu, utawa arêp bôndayuda, lan dadi sasmitaning dhalang marang niyagane, akon ngunèkake gamêlan playon, manut apa karêping dhalang ing sasmita mau, mulane ora sawiyah niyaga bisa anggamêli wayang, kudu niyaga pilihan.

Salaka:

Salaka iku pêlikan saka ing bumi, nanging wong Jawa sumurupe wis rupa dhuwit utawa barang.

--- 2 : 1003 ---

Salaka kang bêcik dhewe, iku kang ginawe dandanan renda sapêpadhane.

Anggris, yèn dirêsikake suda 1/8 ringgit, lagi padha karo renda.

Dhuwit salaka mung anggris dhewe kang putih padha lan bakale rupiyah, ukon, talèn, iku akèh woworane, luwih manèh kêthip, utawa kêlip, saya akèh woworane, dene bobote amêsthi mundhak. Saupama bakal anggris siji, tinimbang karo kêlip sèkêt, dadining barang yèn padha rinêsikake: akèh kacèke, tur ajining dhuwit: padha.

Salaka ala kang ginawe dandanan: aran: salaka cèlèng. En zie mas (2).

Saleko:

' = sarasêja zie dhatu (42).

Salukat:

zie gambang salukat.

Salukat (gêndhing):

anggite Prabu Kanwa = Kano spr.

Salakawêdhar:

' = pasanggiri, saka anggite Prabu Sri Mahawan, ing Mêndhangkamulan, kang ginawe sarana roning tal, sinêbit tinugêl-tugêl, ambane sajêmpol, tinulis ganjaran busana warastra, sawênèh kothongan, P.R. III. 256-10 (taun 515).

Saloka paribasan:

andhêdhêr jati ing wana Tjent. Lem H. nyarêmi samodra.

Salat:

1. Subuh pajar gidib sorot abang. 2. Lohor = luhur gew. pêcak loro. 3. Ngasar, pêcak sanga. 4. Mahrib, wayah surup. 5. Ngisa êntèking sorot abang, voorb.

Ywa salat yèn durung manjing / muwah yèn wus pot wayahnya / pan kabèh ana watêse / lohor pêcak ro ing siyang / kang asar pêcak sanga / mahrib suruping suryèku / pote sorote kang abang //

Yèn wus tèk soroting abrit / yèku manjing wêktu ngisa / prapta ing têngah wêngine / wêktu subuh antaranya / pajar gidib sorot bang / kasdu badan sujud rukuk / kang têtela ing antara // Zie Tjent. P. Sèh Amongraga mulang marang Tambangraras.

--- 2 : 1004 ---

Salat:

a. pêrluning salat.: 1. niyat. 2. takbir. 3. patekah. 4. rukuk. 5. iktidal. 6. sujud. 7. lungguh. 8. tahyat akir. 9. salat bakda.

b. bataling salat. 1. wuda. 2. mêndêm. 3. angguyu. 4. dhèhèm. 5. anggêgitik. 6. lumaku. 7. clathu. 8. nangis.

Salat:

a. enggok-enggok lumbu, têgêse manut saparipolahe rewange salat. b. rubuh gêdhang, têgêse ngadêg milu ngadêg, sujud rukuk tiru-tiru. Dadi salat Letl. a, b mau wong durung bisa salat milu salat, zie sadat (2).

Silit:

1. zie srandu katuranggan. 2. zie srandu kêbo sapi. 3. zie srandu manungsa.

--- 2 : 1005 ---

Silit Kw.:

tayanu, purija, palanturan, jubur, mèdi, meya.

Sultan:

Kangjêng ratu ... zie K.G.no 24.

Sultan Agung:

zie Img. no. 1.

Sultan Pajang:

zie Dhatuk Palembang.

Salatiga:

ing J.W.29 muni: salah tiga.

Salisir (têmbang gêdhe):

zie prawiralalita. Salisir laku 6 swanita x 4, 7 citramêngêng x 4, 8 patralalita x 4, 9 têbukasol x 4, 10 têbu sauyun x 4.

Salewah Kw.:

zie giwang en zie srandu kêbo sapi (sungu).

Salwarini:

zie giwang laku 21 pêdhotan, 7.7.7 x 2 = 42 x 2 = 84.

Enjing bidhal gumuruh / saking nagri Wiratha / kèhe kang balakuswa / abra busananira / lir surya wêdalira / saking ing jalanidhi //

Arsa madhangi jagad / duk mungup-mungup anèng / anèng pucaking wukir / marbabak bang sumirat / kêna soroting surya / mega lan gunung-gunung //

Sêlap:

zie srandu kêbo sapi.

Sladhangasta (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak sladhangasta luk 5 rekol, pucuk bênêr, têngah gilig, gusèn.

Salyarini (têmbang gêdhe):

laku 17 pêdhotan 6.6.5. x 2 = 34 x 2 = 68.

Mawur kang katrajang / endah ana wadya / ing Maèspati / mung kang para raja / Dyan Sri Suryakètu / mangsah manglaga / ngadêg munggèng rata / mênthang langkap sigra / mêndhung giyungan / angin awor aris / Sang Prabu Manggada / Prabu Sawangga //

Sulaman:

zie bathikan.

Suleman:

zie brahat letl. f. ingkang yuswa mung 53 taun, ktb. Ngarais blz. 217

Salêmbi:

' = Sudimara. Adêging karaton Salêmbi = Sudimara sinangkalan: pônca gapuraning salira (895).

Salêmbar:

zie abdi dalêm salêmbar.

Silugôngga:

' = Cimanuk T.P. 1905 no 136.

Slebrah:

iku dumunung ing tanah Aprikah, utawa kapdhêhup-dhêhup, ora kêna diingu ing manungsa.

Slebrak:

zie gend. bon, pat lima pel.

Sulbiyah:

zie Img. no.71.

Slobog:

zie bathikan. Nalika Gusti Kangjêng Ratu Kancana (Bêruk, isih dadi manggung ana ing dalêm prabayasa wayah bêngi sare, katiban wahyu) putra wayahe kadhawahan aja kongsi nyêpèkake jarit slobok sarta udhêt putih.

Salang Kw.:

sale- sale, salsalika.

--- 2 : 1006 ---

Suling:

Suling: = caluring zie gamêlan (ricikan) letl. n.

2. zie gamêlan (laras) letl. n. Anane suling saka anggite Prabu Kanwa = Kano, ing Mêndhangkamulan, iya iku ing Purwacarita, nalika taun 376, zie Kano.

Sulung Kw.:

walaba.

Selong:

zie sotya.

Salinggana:

Brahmana Rêsi Sang Hyang ... zie P.N.no.15. [P.N...]

--- 2 : 1007 ---

[....no.15.]

Sapi:

Sapi iku kewan tutut, padha bae karo kêbo, mulane diarani rajakaya, wong tani padha angingu sapi dirakiti ginawe anggaru maluku sawah sarta patêgalane, nanging ora pati rosa tinimbang kêbo, sarta ora pati tahan marang jêblogan, mulane prayoga kanggo têtanèn ana ing tanah pagunungan, dene kang luwih prayoga ginawe grobagan, utawa sapi sapèn, takat marang panas, ing pabrik-pabrik padha nganggo sapi grobagan, ora nganggo kêbo, anggawa têbu sarta rapah marang panggilingan, apadene anggawa gula marang sêpur, lan sapêpadhane pabrik nila tuwin kopi, kabèh barange kagawa ing sapi. Sapi iku mung bisa manak sapisan ing dalêm sataun, sarta anake mung siji, ora tau manak kêmbar kayadene manungsa. Para tuwan pabrik padha anggadhuhi sapi sarta grobag marang wong cilik ing desa pamajêgane, diarani kontrak, têgêse sapi lan grobag iku jan dituku marang wong cilik iku, pambayare nicil saka saparone olèhe bayaran ênggone nglakokake grobag mau, nganti sapundhate, sapi kang diingu sajroning nagara: bêcik-bêcik, kang akèh sapi wadon, sarta ora dipèk gawene mung dipèk puhane, puhan iku migunani marang wong sanagara, kang sêpta ngunjuk puhan, kang akèh mung para tuwan, puhan wêton pulo Jawa ora ginawe kèju lan martega, dene pinangkane kèju [kè...]

--- 2 : 1008 ---

[...ju] lan martega mau saka ing tanah Eropah, kang ginawe iya puhan sapi, nanging kèju lan martega mau ana kang palsu, dudu saka puhan sapi, saka gajih utawa liya-liyane, iku ora enak rasane sarta ora prayoga marang uriping manungsa, bêcik ora mangan, tinimbang mangan, iwak sapi iku luwih enak tinimbang karo iwak kêbo, para tuwan kang didhahar, iwak sapi, ora karsa iwak kêbo, nanging wong Jawa sanadyan priyayi gêdhe karsa marang iwak kêbo, bokmanawa saka natene wiwit cilik mula, dene kang nganggit layang iki doyan marang iwak kêbo, sanadyan yêktine enak iwak sapi.

Sapi:

a. sapi dumunung ing tanah Bênggala. b. sapi lanang dumunung ing tanah Eropah. c. sapi wadon dumunung ing tanah Eropah. d. sapi laut, dumunung ing sêgara anjêndhêl kidul.

Sapi Kw.

andana, komara, andini, andaka, hiyata, hatha, nadrika, koh, kalangkya, gorawa, swaninda, sapya, sumwata, lêmbu, lêmbana, prasita, mundhing, garwita, gutara, gomara, biksu, baksana en zie banthèng en zie kêbo.

Supa:

Jumênênge Ingkang Sinuhun Prabu Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, ing Mataram, nglêmpakake sarupaning êmpu utawa pandhe kang bisa gawe kêris, mulane tangguhe gawean kêris [kêri...]

--- 2 : 1009 ---

[...s] Mataram iku rupa-rupa, kagawa saka kapintêraning êmpu dhewe-dhewe gaweane ana ing Mataram, isih kalabêtan gaweane ana ing omahe. Dhèk samana ana sawijining pandhe wis tuwa bangêt, katêmbungake wis gegroh, aran Kyai Supa, bapakne Jaka Sura pandhe ing Majapait, wiwit Karaton Majapait tumêkane karaton Mataram, kurang luwih sathithik wis 300 taun, dadi Kyai Supa mau ngumure ora kurang saka 300 taun, amarga dhèk adêge Karaton Majapait Kyai Supa wis ana. Kyai Supa mau kêtrima marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, gone kakarsakake yasa gêgaman tumbak, kêris, padha kêbênêran, Kyai Supa kaparingan salin jênêng Kyai Ênom, katêlah ing akèh Kyai Sinom, nglurahi sarupaning pandhe kabèh, dene yêyasane tumbak kêris mau kaanggit nganggo kasrasah ing êmas, ukêle rupa-rupa, lan yasa kêris Nagasasra, Nagasiluman, Nagawêlang lan Nagakikik, sabubaring pêrang ing Pathi, karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, para putra sêntana sarta abdi dalêm gêdhe cilik kang bêcik gawene nalika pambêdhahing Pathi padha kaparingan ganjaran rupa kêris, utawa kêris karo tumbak padha kasrasah ing êmas, minôngka tôndha pangeling-eling.

a. ganjarane abdi dalêm panèwu mantri kêris gônja kasrasah ing êmas, kinatah (= tinatah) lung kêmarogan.

b. ganjarane abdi dalêm wadana kaliwon, kêris kinatah gajah singa.

--- 2 : 1010 ---

c. ganjarane putra sêntana sarta pêpatih dalêm, kêris gônja kinatah singa barong, utawa manglarmonga, tumbak kasrasah ing kalacakra, sawênèh mêthuke kasrasah sada saêlêr, utawa limaran, sawise watara nganggo kadhawuhan pêpacuh ora kêna liru lambang, têgêse panganggoning panèwu mantri ora kêna dianggo ing wadana kaliwon, panganggoning wadana kaliwon, ora kêna dianggo ing panèwu mantri sapiturute.

Sapu:

1. wong ora tau nyapu, 2. wong nyapu ing wayah bêngi, 3. uwuhe diobong, 4. uwuhe diandhêgake, 5. sapu dèn adêgake ana ing omah dadi pangane Batharakala.

Sapu abon (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak sapu abon luk 3 gapit nusul, nganggo gêthêtan (= gêthêkan).

Sapartitala (têmbang gêdhe):

laku 17 pêdhotan 6.6.5. x 2 = 34 x 2 = 68.

Lêng-lêng gatining kang / awan saba-saba- / ne kang Ngastina / samantara têkèng / têgal milu ring kar- / ya Krêsna laku / nirang parasura- / ma Kanwa Janaka / dulur Narada / kêpanggih ing ika / jumurunging karsa / sapartitala //

Sapriyo:

Iku bangsaning manuk. a. nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah Têngahan, yèn nusuh ana ing omah kayadene manuk grija, watêke ngolah-ngalih. b. id pasabane ana ing banyu.

Sapuregol (waduaji):

Têgêse bumi tilas pomahane abdi dalêm isih kaparingake dadi lungguh, utawa bumi unusan kang kaparingake dadi pangane kamituwaning desa, anane bumi sapuregol mau dhèk jaman Kartasura, jumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. I.

Supana:

1. kêris dhapur supana luk 11 utawa luk 7 nganggo pejetan, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang utawa jalèn, tuwin lambe gajah. 2. kêris dhapur bango dholog, mung luk têlu, nganggo pejetan, tanpa kêmbang kacang, tanpa grènèng, kêris warna loro mau yasane Prabu Watugunung ing Gilingwêsi, kang ingandikakake gawe Êmpu Jagita, sinangkalan: naganing bumi papat (418).

Sapartitala:

zie sikarini.

Sêpokal (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sêpokal luk 13 sraweyan zie panimbal (3).

--- 2 : 1011 ---

Sapit:

CariCiri. sapit, unyêng-unyêngan jaran manggon ana ing cangklakan, watêke ala, sapa kang ngingu utawa kang nunggangi kasêngkala, kabônda ana ing dalan.

Sêpat:

wangsalan Tjent. tambanging undhagi olèh dening sipat.

Sêpêt:

zie wit (krambil).

--- 2 : 1012 ---

Sipat:

[Asmaradana]

Sipat Kayun kang aurip / Kadirun ingkang kuwasa / Muridun kang karsa rêke / sipat Ngalimun kang wikan / Samingun amiyarsa / Basirun ningali iku / Muntangalimun ngandika //

Khalakuni kang akardi / Rabuni kang Pinangeran / sipat Rajikun têgêse / awèh rijêkèng kawula / Bakin kang langgêng ika / Pangeran datan sakuthu / langgêng nora kêna owah //

Sipat Kayun kang aurip / urip tan kalawan nyawa / mokal pêjah awiyose / uriping Allah Tangala / kalawan sipat Kayat / Kadirun kuwasa iku / nora lawan panggaota //

Mokal apêsa Hyang Widhi / kuwasa lan sipat Kodrat / Muridun kang karsa dene / nora lan karêp punika / mokal yèn mangkonoa / saking karsaning Hyang Agung / kalawan sipat Iradat //

Samingun amirsa singgih / apan tan kalawan karna / mokal yèn tulia mangko / mirsa lawan sipat Samak / Basirun kang tumingal / tan kalawan netra iku / apan mokal yèn wutaa //

Kaelokaning Hyang Widhi / Muntangalimun ngandika / nora kalawan lesane / mokal kalamun bisua / pan iya sipat Kalam / angandika lawan ngèlmu / Allah Murba Amisesa //

Jênênge tanpa sasami / nora lawan basa swara / tanpa arah tanpa ênggon / tan ing ngarsa tan ing wuntat / datan ing kèri kanan / tan ing ngandhap tan ing luhur / pètên prabedaning tunggal //

--- 2 : 1013 ---

Sipat rongpuluh:

1. Wujud têgêse ana. 2. Kidam têgêse dhisik. 3. Baka têgêse langgêng. 4. Mukhalaphatu lil kawadis têgêse beda karo sakèhe kang anyar. 5. Kiyamubinapsihi têgêse jumênêng kalawan sarirane piyambak. 6. Wahdaniyat têgêse kasawijèn. 7. Kudrat têgêse kuwasa. 8. Iradat têgêse karsa. 9. Ngilmu têgêse kawruh. 10. Kayat têgêse gêsang. 11. Samak têgêse pamiyarsa. 12. Basar têgêse paningal. 13. Kalam têgêse pangandika. 14. Kadiran têgêse ananing Allah kuwasa. 15. Muridan têgêse ananing Allah karsa. 16. Ngaliman têgêse ananing Allah ngawruhi. 17. Kayan têgêse ananing Allah gêsang. 18. Samingan têgêse ananing Allah miyarsa. 19. Basiran têgêse ananing Allah ningali. 20. Mutakaliman têgêse ananing Allah ngandika. Bagus Ngarpah

--- 2 : 1014 ---

Supit:

zie srandu kêbo sapi. En zie srandu katuranggan. Supata, wong sugih supata dadi pangane Batharakala.

Supit urang:

zie dhatu (14).

Sapitabon (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak sapitabon: bênêr, gapit, nusul katêtês.

Saptarêngga:

' = gunung Dièng T.P. 1905 no. 136.

Sapit kelor:

(id) Dhapuring tumbak sapit kelor luk 3 pêkakan, bongkot papak.

Sapta kukilarsa:

zie ombe. Sapi cêran, ciri sapi cêran, matane kang kiwa siwêr putih, watêke ala, nanging yèn kang têngên: bêcik, dene yèn siwêr karo pisan, luwih bêcik, kang ngingu karijêkèn anggili têkane.

Sapu wêdhar:

Ciri sapu wêdhar, janggêling buntut jaran ora mêtu bobate, watêke ala, ambêborosi marang kang ngingu.

Sêpêtmadu:

Carabalèn Kyai ... zie Carabalèn, letl. a.

Supal:

Brahmana Rêsi ... zie P.N.no. 22, 23 en 24.

Sopal:

Iku karahing tumbak sadhuwuring tunjung, kang ginawe mas, sêlaka utawa suwasa zie srandu landheyan.

Sapudhêndha:

' = walad, voorb. kêna sapudhêndhaning dewa.

Sapujagad (mariyêm):

iku yasane Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, kang gawe Walônda saka ing Jakarta (= Batavia) panunggalane Kyai Pôncawora, Kyai Kumba-kumba, lan Kyai Aswanikumba nalika taun Mèsèi 1629 utawa taun Jawa 1567, sinangkalan, swara ngobahakên buta wani.

Sêpang:

1. kêris dhapur sêpang bênêr tanpa pejetan, ing ngarêp kêmbang kacang sêpang, gônja ngarêp buri, padha, tanpa êndhas cêcak. 2. kêris dhapur sêpanêr, bênêr nganggo pejetan, nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng. Kêris loro mau yasane Sri Maharaja Budha Krêsna (Sang Hyang Wisnu) nalika jumênêng nata ana ing Mêndhangkamulan, kang ingandikakake gawe Êmpu Sabdagati, sinangkalan: tinitatinata. rasaning panêmbah (265).

Sêdhahan kadipatèn:

zie abdi dalêm wadon, no 23.

Sêdhahan nyamping:

zie abdi dalêm wadon, no 21.

Sêdhahan miji:

zie abdi dalêm wadon, no 22.

Sêdhahmirah:

radèn ayu adipati ... zie Pap. no en K.S.no.15.

Sidhat:

wangsalan Tjent. marga kinarya simpangan = sidhatan.

Sèdhêt (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sèdhêt luk 15 kêmbang kacang, sogokan, lambe siji, ri pandhan.

--- 2 : 1015 ---

zie gend. slend. pat many. zie wit (kêncur).

Saji (padhalangan):

Wiwite wong nanggap wayang purwa nganggo sajèn, wis dhèk jaman Majapait taun 1300, katut saka anane wong ngruwat nganggo sajèn, zie bèbèr II. wong ora saji dadi pangane Batharakala.

Sujèn ampèl (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sujèn ampèl: bênêr, gilig, nganggo kêmbang kacang, lambe siji, pejetan, ri pandhan padha rangkêp.

Sujèn cacad:

Ciri sujèn cacad, unyêng- unyêngan jaran katutupan ambên, watêke bêcik, rahayu kang ngingu sarta sêgêr kuwarasan.

Sujèn têrus:

Ciri sujèn têrus, unyêng-unyêngan jaran dumunung ing têpak, watêke ala, samêrga-mêrgane kudu bilai.

Sujanapura:

pujôngga tumênggung ... zie P.N. no. 35.

Sujanapura:

radèn tumênggung ... zie K.G. no. 66.

Sajarah Cêmpala:

Bathara Basuki pêputra, Prabu Sêngara pêputra, Prabu Dupada pêputra, Prabu Drupada pêputra têlu 1. Dèwi Drupadi kagarwa Prabu Yudhisthira 2. Dèwi Srikandha (= Sikandhi) kagarwa Radèn Dananjaya. 3. Radèn Drusthadyumna.

Sajarah Kartasura:

Kangjêng Susuhunan Mangkurat (1601) pêputra Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas (1627) kendhang, seda kakondurakên sumare ing Ngimagiri zie I.g. no. 31. Pêputra Pangeran Têpasana, pêputra Radèn Mas Garêndi, banjur ambêdhah nagara Kartasura, jêjuluk Susuhunan Kuning, wusana kaselong (1667).

Sajarah Dêmak:

Prabu Brawijaya wêkasan, pêputra Radèn Patah, jêjuluk Senapati Jimbun Ngabdurrahman Panêmbahan Palembang Sayidin Panatagama, zie B.T.D. 48-3 pêputra Pangeran Sabrang Lor, jumênêng nata jêjuluk Sultan Bintara, seda durung pêputra, kagêntenan ingkang rayi:

--- 2 : 1016 ---

Radèn Trênggana:

Ajêjuluk Sultan Bintara, pêputra putri, kagarwa Sultan Pajang, pêputra Pangeran Bênawa.

Sajarah Surakarta Panêngên:

Nabi Adam pêputra, Nabi Sis, Sayid Anwas, Sultan Kinan, Sayid Malail, Sultan Barat, Nabi Edris, Sultan Mutawasakka, Sultan Lamah, Nabi Sakib (= Nuh), Sayid Sam, Prabu Irpaksad, Sayid Salih, Sultan Rangu, Raja Saru, Sayid Nakur, Patih Tarih (= Najar), Nabi Ibrahim, Nabi Ismangil, Sayid Kedar, Sayid Lès, Sayid Jamil, Sayid Imyak, Sayid Hudawa, Sayid Ngunan, Sayid Mangad, Sayid Nujar, Sayid Malar, Sayid Ilyas, Sayid Madrikah, Sayid Kajimah, Sayid Kinanah, Sayid Dinalar (= Kurès), Sayid Malik, Sahid Pahar, Sayid Galip, Sayid Lawe, Sultan Kangab, Sayid Marah, Prabu Kalap, Sayid Kasa, Ngabdul Manab, Bagendha Sim, Ngabdul Muntalib,

--- 2 : 1017 ---

Radèn Ngabdul Rah, Nabi Mukamad, Siti Patimah, Sayid Kusèni, Maulana Jenal Ngabidin, Maulana Jenal Ngalim, Maulana Jenal Kabir, Sèh Najêmudinil Kobra, Sèh Kasan, Sèh Ngabdulah, Sayidin Ngabdurahman, Maulana Mahmudinil Kabir, Maulana Mahmudinil Kobra, Maulana Iskak, Sèh Walilanang, Prabu Sètmata (= Sunan Giri I), Sunan Giri II, Pangeran Saba, Putri§ Kagarwa Kyai Agêng Pamanahan (= Mataram) iya iku campuring sajarah pangiwa lan panêngên.

Sajarah Surakarta pangiwa:

Nabi Adam, Nabi Sis, Sayid Anwar (= Sang Hyang Nur Cahya), Sang Hyang Nur Rasa, Sang Hyang Wêning, Sang Hyang Tunggal, Bathara Guru, Bathara Brama, Bathari Bramani, Tritrustha, Parikênan, Manumanasa, Bambang Sakutrêm, Bambang Sakri, Bambang Palasara, Bagawan Abiyasa, Prabu Pandhu Dewanata, Radèn Dananjaya, Radèn Abimanyu, Prabu Parikêsit, Prabu Yudayana, Prabu Gêndrayana,

--- 2 : 1018 ---

Prabu Jayabaya Kadhiri 800 (sirna ilanging naga), Prabu Jayamijaya, Prabu Jayamisena, Prabu Kusumawicitra Pêngging Witaradya 877 (swaraning rêsi brahmana), Prabu Citrasoma, Prabu Pôncadriya, Prabu Anglingdriya, Prabu Suwelacala Purwacarita tanah Têgal 1034 (warnaning mantri luhur raja), Sri Mapunggung, Kandhihawan, Rêsi Gathayu: Koripan, Prabu Lêmbumiluhur: Jênggala 1100 (sirna tanpa rupa janma), Panji Inokartapati, Radèn Kudalaleyan: Pajajaran 1200 (luhur muluk bujaning ratu) taun Be, Prabu Banjaransari, Prabu Mundhingsari, Prabu Mundhingwangi, Sri Pamêkas, Radèn Sêsuruh, Prabu Anom Majapait 1301 (watu mungal katon tunggal), Prabu Adaningkung, Prabu Hayamwuruk, Prabu Lêmbumisani, Bratanjung, Prabu Brawijaya

1. Radèn Patah ing Dêmak 1403 (gêni mati siniram ing janma), 2. Radèn Bondhan Kajawan, a. Radèn Patah(= Sultan Bintara), 1. Pangeran Sabranglor, 2. Radèn Trênggana, b. Radèn Bondhan Kajawan (= Lêmbupêtêng),

Kyai Agêng Gêtaspandhawa, Kyai Agêng Sêsela, Kyai Agêng Ênis, Karaton Pajang (R. Jaka T) 1503 (tri lunga mônca bumi), Karaton Pamanahan (= Mataram), Garwane putrane Pangeran Saba, (Panêngên) iya iku campure pangiwa lan panêngên, pêputra

Panêmbahan Senapati 1540, Susuhunan Sumare Krapyak 1553, Sultan Agung 1565, Susuhunan Mangkurat Têgal Arum 1578, 1. Susuhunan Mangkurat Jawa Kartasura 1600 (sirna ilang rasaning bumi),Sengkalan: sirna ilang rasaning bumi (1600 A.J., 1677/78 A.D.). Susuhunan Mangkurat Mas Kartasura, 2. Susuhunan P.B. I (Pugêr) 1630, Susuhunan Prabu Mangkurat 1642, Susuhunan P.B. II sumare Lawiyan 1651 (Kartasura), Ngalih kadhaton 1670 (Surakarta), Susuhunan P.B. III (suwarga) 1675 (kombuling pudya kapiyarsa ing jagad),Sengkalan: kombuling pudya kapiyarsa ing jagad (1675 A.J., 1749/50 A.D.). Susuhunan P.B. IV (Bagus) 1714

--- 2 : 1019 ---

1. Susuhunan P.B. V (= Sugih) 1747, Susuhunan P.B. VI (Banguntapa) 1751, 2. Susuhunan P.B. VII sumêla 1757, 3. Susuhunan P.B. VIII 1785, Susuhunan P.B. IX, putra kaping VI 1790, Susuhunan P.B. X 1822

Sajarah Lokapala:

Bathara Guru pêputra, Bathara Sambo, Sri Sambodhana, Èsthi Jumili, Rêsi Mulasidhi, Prabu Dherodhana, Prabu Dhanurdhana, Prabu Andanapati, Prabu Lokawana, Dèwi Lokati: campure kagarwa Rêsi Wisrawa

Sajarahe Rêsi Wisrawa kaya ing ngisor iki: Rêsi Wasistha pêputra, Rêsi Pulastha, Rêsi Padma, Rêsi Wisrawa, krama olèh Dèwi Lokati, pêputra, Prabu Dhanaraja: curês

Sajarah Pakualaman:

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B. I pêputra 1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B .II 2. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma

--- 2 : 1020 ---

a. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma wau jumênêng adipati, jêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam I 1740, garwane putri saka Madura, pêputra:

b. 1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam II§ Garwane Kangjêng Ratu Ayu putri dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B. II pêputra: 1. Kangjêng Pangeran Nataningprang seda, tilar putra timur diwasane nama Kangjêng Pangeran Nataningrat; 2. Kangjêng Pangeran Sasraningrat; 3. Kangjêng Pangeran Suryadilaga. 1757 2. Radèn Ayu Jayèngirawan

c. Kangjêng Pangeran Sasraningrat mau anggêntèni ingkang rama ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Surya Sasraningrat III§ Garwane loro. 1787, seda tilar putra isih timur, diwasane nama Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, kagêntenan putrane ingkang raka Kangjêng Pangeran Nataningprang mau, kang ginadhang anggêntèni ingkang rama, iya iku Kangjêng Pangeran Nataningrat (zie letl. b no. 1) ajêjuluk nunggaksêmi.

d. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Surya Sasraningrat IV 1793

a. Putrane Kangjêng Pangeran Pugêr, putra dalêm M.B. II, pêputra: 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, gêrah tingal 2. Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat

b. Ngarangulu garwane ingkang raka Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang

--- 2 : 1021 ---

patutan putri Radèn Ayu Natakusuma, dadi sadhèrèk tunggal ibu karo kaping IV

Putra saka ampeyan: Kangjêng Pangeran Arya Purwasaputra, Radèn Mas Arya Surya Umara, Radèn Mas Arya Suryakusuma, Radèn Ayu Natadiraja

Kangjêng Gusti kaping IV mau seda ora tilar putra, kagêntenan ingkang paman Kangjêng Pangeran Arya Suryadilaga (zie letl b no. 3) ajêjuluk

e. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam V 1807, garwane putrane Radèn Ayu Jayèng Irawan (zie letl. b. no. 2), dadi olèh nak-sanak, pêputra: Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, Kangjêng Pangeran Arya Natadiraja

Ngarangulu garwane ingkang raka II en III (zie letl. b.), nanging ora pêputra. Sasedane kaping V kagêntenan ingkang putra: Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam VI 1830, seda putra durung diwasa, kawakilan Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, putra kaping III (zie letl. c a no.2). Barêng wis diwasa anggêntèni ingkang rama ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga (Pakualam VII) 1836 (mantu dalêm P.B. X).

--- 2 : 1022 ---

Sajarah Pajang:

Prabu Brawijaya wêkasan pêputra Ratu Pambayun, kagarwa Adipati Andayaningrat ing Pêngging, pêputra Kyai agêng Kêbokênônga, pêputra Sultan Pajang (= Prabu Adiawijaya, timure nama Radèn Mas Karèbèt, ora Mas Karèbèt, zie J.Z.I 30. 13 utawa Radèn Jaka Tingkir) 1503. Dadi Sultan Pajang iku isih santana buyuting ratu, nanging ing layang B.T.D. 55.10 vo, sinêbut Mas Karèbèt, ora radèn mas Karèbèt, pêputra Pangeran Bênawa, pêputra Ratu Mas Mirah Adèn, garwa dalêm ingkang sinuhun sumare krapyak, pêputra Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung.

Sajarah Maèspati:

Bathara Maya pêputra, Bathara Surya, Hyang Rawi Atmaja, Hyang Karaba, Dewangkara

Dewasana, Dewatama ... putra Dewanggana

Rêsi Gotama: putra Dewasana

--- 2 : 1023 ---

Prabu Hèriya, Rêsi Wisanggêni ... putra Dewatama

Anjani, Subali, Sugriwa ... Putra Gotama

Prabu Kartawirya, putra Prabu Hèriya

Rêsi Suwôndagni, Rêsi Jamadagni ... putra Rêsi Wisanggêni

Prabu Arjunasasra, putra Prabu Kartawirya

Radèn Sêmantri, Sokasrana ... putra Rêsi Suwôndagni

Hèriya, Kartawirya, Arjunasasra, misan, Dewatama, Wisanggêni, Suwôndagni, Sêmantri, Anjani, Anoman, Dewasana, Gotama, Subali, Anggana, Dewanggana, Sugriwa, Hèriya, Kartawirya, Arjunasasra, Sêmantri, Dewatama, Suwôndagni, Wisanggêni, Sokasrana, Jamadagni, mandhita, Lêlanadikara[grafik].

Sajarah Mandura:

Bathara Rama Badra, pêputra

Bathara Rama Badlawa

Prabu Kunthi Buja

--- 2 : 1024 ---

Prabu Basu Kunthi

Prabu Basudewa, pêputra 1. Baladewa 2. Bala Krêsna 3. Dèwi Wara Sumbadra, kagarwa Radèn Dananjaya

Sajarah Mandraka:

Bambang Manumanasa, pêputra

Radèn Srigati

Prabu Hartati (Prabu Môndrakumala) 1. Prabu Salya (Radèn Larasoma), garwane aran Dèwi Sêtyawati 2. Dèwi Madrim, kagarwa Prabu Pandhu Dewanata

Prabu Salya pêputra lima, 1. Dèwi Herawati, kagarwa Prabu Baladewa 2. Dèwi Surthikanthi, kagarwa Adipati Karna 3. Dèwi Banowati, kagarwa Prabu Kurupati 4. Radèn Burisrawa 5. Radèn Rukmarata (Waruju)

Sajarah Mangkunagara:

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. I pêputra Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mataram, pêputra: 1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. II nurunake karaton Surakarta, 2. Kangjêng Pangeran Mangkubumi (= Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. I), nurunake karaton Ngayogyakarta, 3. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara Kartasura, nurunake Kadipatèn Kamangkunagaran.

--- 2 : 1025 ---

Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara Kartasura pêputra:

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I (= Sambêrnyawa) 1682, kamantu Ingkang Sinuhun Sultan I nanging ora patutan, pêputra saka ampeyan nama Kangjêng Pangeran Prabu, kamantu Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III ora anggêntosi kang rama, pêputra kakung, iku kang anggêntosi ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara II. 1722, Kangjêng Gusti iya kagêntosan ingkang wayah manèh, putrane putri, nama: Radèn Ayu Natakusuma, pêputra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara III 1761, Kangjêng Gusti iya uga ora kagungan putra kakung saka pramèswari, putrane putri nama Radèn Ayu Adipati Arya Mangkunagara IV, iya iku garwane Kangjêng Gusti kaping IV 1781 kang jumênêng, saengga angêmbani ingkang garwa, pêputra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V 1810 Kangjêng Gusti iya uga ora kagungan putra saka pramèswari, kagêntosan ingkang rayi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI 1826, kang jumênêng saiki.

Sajarah Manggada:

Prabu Argani pêputra

--- 2 : 1026 ---

Prabu Jisis, pêputra Prabu Citradarma pêputra loro 1. Dèwi Citrawati kagarwa Prabu Arjunasasra 2. Prabu Citragada

Sajarah Ngatasangin:

Bathara Guru pêputra Bathara Bayu, Bathara Sudarma, Bathara Tôntra, Hyang Surêtna, Rêtna Sêmbawa, Rêsi Mintabasa, Rêsi Kunta Druwasara, Bathara Basuki, Prabu Maruta, Prabu Baratmêja, Bambang Kumbayana (= Panji Tadruna), Radèn Aswatama

Sajarah Ngalêngka:

Hyang Brama pêputra Dèwi Bramani, krama antuk Bramanaraja pêputra Dèwi Bramaniwati, krama antuk Prabu Banjaranjali ratu buta ing Ngalêngka, pêputra Prabu Jatimurti, Sri Bramanakôndha, Prabu Gêtah Banjaran,

--- 2 : 1027 ---

Sri Bramanatama, Prabu Puksara, Prabu Sumali pêputra loro 1. Dèwi Sukèksi, krama antuk Rêsi Wisrawa, pêputra papat, Prabu Dasamuka, Arya Kumbakarna, Sarpakênaka, Wibisana. 2. Patih Prahasta

Prabu Dasamuka pêputra papat: Radèn Indrajit, Trikaya, Trisirah, Saksa

Arya Kumbakarna pêputra loro: Kumbakumba, Aswanikumba

Sarpakênaka: ora kacarita

Kodawibisana, pêputra Prabu Bisawarna

Sajarah Ngayudya:

Prabu Samun - Kantalah - Salup

Prabu Kadir - Nirkanta - Saduk

Prabu Ngabit - Kantalimud - Sadik

Prabu Asap - Ramud - Bujadrani

Prabu Ngabidin - Ramlamat - Targani

Prabu Salèh - Jamtanis - Sangadik

Prabu Sapwani - Salap - Rêsi Wimasucôndra

--- 2 : 1028 ---

Prabu Dasarata pêputra: 1. Ramabadra, 2. Brata, 3. Lêksmana, 4. Trugna

Sajarah Ngayogyakarta:

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. I 1682, pêputra Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. II 1718 (Sultan Kendhang), Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. III 1739 (Sultan Raja), Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. IV 1741 (Sultan Jarot), Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. V 1750 (Sultan Menol), pêputra Radèn Mas Mukamat Kendhang, kagêntosan kang rayi, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. VI 1783 (Sultan Gathut), Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan M.B. VII 1806 (Sultan Ngabèi)

Sujana:

pangeran ... zie Kuds no. 2

Suyudana:

wandane jangkung lan jaka zie Kurupati

Sayadan:

zie srandu kêbo sapi

Siyaman (= lutung):

pasabane ing alas pulo Malakah, utawa ing alas kang hawane panas, mangan woh-wohan.

Sayang:

zie abdi dalêm kêmasan, letl. h. Sayang iku = tukang têmbaga, gawe dandang, kèncèng, kêndhi lan sapêpadhane, pirantine: tampèl (= palu gôngsa) suwul, suwul anthuk-anthuk (= paron gôngsa), palu, pêthil, jôngka lan gunting.

Patrining têmbaga: sari lan pijêr disuldhèr (dinyunyuk ing wêsi bang).

Rêganing têmbaga ing dalêm sakati 67-80 cls.

Garapan têmbaga iku ora laku singèn kabèh palon, kang aran puthon: tanpa sambungan sarta kêna ginawe kandêl ing têngah, murih awèt kang aran grobyog, nganggo sambungan sarta tipis, kurang awèt kanggone.

Siyung:

zie srandu kêbo sapi

Siyung:

zie srandu katuranggan

Siyung:

zie srandu manungsa

Siyung Kw.:

anudata, dodaka, prastha, prathi, jatha, jêthis (zie untu) D.N.K. 21-6 A

Siyungwênara:

' = Srimaharaja Sêti, zie P.N. no. 17

Sêmu:

zie srandu kêbo sapi (sungu)

Samaita:

zie ratu (4)

--- 2 : 1029 ---

Samir:

Pangeran putra santana sarta bupati ana ing ngarsa dalêm, ora nganggo samir. Bupati yèn kautus anggandhèk ora nganggo samir, nanging kaliwon kang sumundhul ing buri: nganggo samir.

Sêmar (padhalangan):

wandane yèn kanthi Bagong: brêbês sarta mêndhung, dene yèn kanthi Petruk, Nalagarèng, ginuk sarta dhukun.

Sumar:

zie gend. gender

Sumur:

Ing ngisor iki petungane wong gawe sumur, pangampèke saka doh cêdhaking sumur lan omahe. Kadhêpanana satrêping omah taritis kang jaba, petungane mangkene:

Sri, donya, arta, suwarga, naraka, yèn tiba: sri sêrêpan, donya sok kelangan, arta asatan, suwarga bêcik, naraka sok kêlêbon (kêjêguran) wong

Sumur, ana ing ngarêpan bênêr sarta ana ing buri omah bênêr: ora bêcik

Sumur Kw.:

wali, parigi, pangasih, pase, guskara, gustha, gusthi

Sêmèru:

zie gend. slend. pat. sng.

Sêmar adang (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sêmar adang: bênêr, cêndhak, gandhik katatah, ngisor gandhik bolong.

Samirana:

zie angin

Sêmarakandhi:

zie wit (randhu)

Sumirat:

zie gend. gender

Sêmar tinandhu (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sêmar tinandhu: bênêr, nganggo kêmbang kacang, lambe loro, sogokan siji ngarêp

--- 2 : 1030 ---

Sêmar mêndêm:

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. II karsa yasa gamêlan slendro kaparingan aran Kyai Sêmar Mêndêm, sinêngkalan: sirna tata manising dewaSengkalan: sirna tata manising dewa (1650 A.J., 1725/26 A.D.). ' = 1650 en zie Sêmar ngigêl.

Sêmar mantu:

zie gend

Sêmiring:

zie gend slend pat sng.

Sêmarang Têmbayat:

zie tangguh

Sêmar ngigêl:

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX, gamêlan Kyai Sêmar Mêndêm kabangun, sarta kasalinan aran: Kyai Sêmar Ngigêl

Sêmak:

wangsalan Tjent kaca netra = têsmak

Sumêkar (têmbang têngahan):

i - a - a - i - i // 12 - 11 - 8 - 8 - 10

Roning tanggung: ancur gêdhah winigati / dene mantêp janji sami karasa / pêparikan sempol wana / têmbung nukartèng pan dêling / saking kene kêdah sinarwe //

Sêmukirang:

zie gend slend pat nem

Samudra:

zie banyu

Sêmut:

Ing ngisor iki araning sêmut sawatara, kaya ta: irêng, canthang, kripik, pudhak, gramang, gatêl, buntut, ngangrang.

Sêmut Kw.:

rurindra, kasarya, tutasma, brakithi, blêkithi

--- 2 : 1031 ---

Simawalèn (Bayalali):

pasarean. Ing ngisor iki pratelane kang sumare ing astana Simawalèn

1. Sumare ana ing Gunung Manglèn, ora têrang namane, nanging ana sawiji kaol, yèn kang sumare iku Pangeran Bênawa ing Pajang.

2. Kyai Singaprana, 3. Nyai Singaprana ... sumare ing Gunung Tugêl

4. Kyai Singaprana Alus, 5. Nyai Singaprana Alus, 6. Kyai Singadiwôngsa, 7. Nyai Singadiwôngsa ... sumare Masjid Walèn

8. Kyai Singaprana, 9. Nyai Singaprana, 10. Radèn Ayu Tasikwulan§ Priyayi dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi I pêputra Kangjêng Ratu Agêng P.B. IX. ... sumare ing Gunung Krisik

--- 2 : 1032 ---

Sumitra:

brahmana rêsi ... zie P.N. no. 4

Samsudin:

kyai ... zie T.H. I no. 5 Samsiyah = taun Surya

Sêmawa:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII

Sumawi:

zie trate

Simawalèn:

zie abdi dalêm pangrêmbe IV En Bayalali letl. o

Sumêlang gandri (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sumêlang gandri: bênêr, nganggo sraweyan, sogokan siji, thingil, zie jalak sangu tumpêng (2)

Sêmpana:

(id). Dhapuring kêris sêmpana luk 9 nganggo kêmbang kacang, lambe siji sarta grènèng.

Sêmpanêr:

(id). Dhapuring kêris sêmpanêr: bênêr, kêmbang kacang, tikêl alis, ri pandhan, zie sêpang (2)

Sêmpana klenthang:

(id) Dhapuring kêris sêmpana klenthang, luk 9 kêmbang kacang, tikêl alis, ri pandhan, luk arang-arang.

Simpanse:

Iku bangsaning rangutan (= orang otan) pasabane ing alas pulo Borneo, mangan wowohan.

Sêmpancul (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sêmpancul luk 7 nganggo kêmbang kacang, sraweyan, ri pandhan, gandhik malang.

Sêmpana bungkêm:

(id) Dhapuring kêris sêmpana bungkêm luk 7 nganggo kêmbang kacang bungkêm, sawênèh ana kang êluk 8

Sampir (padhalangan):

Ing padhalangan nêmbungake: wayang sampir, iku wayang kang nganggo

--- 2 : 1033 ---

slendhang, ora nganggo kulambi, lananga wadona iya diarani: sampir.

Sampura:

zie abdi dalêm Kalathèn letl. c.

Sampar wadana:

ciri sampar wadana, unyêng-unyêngan jaran manggon ana ing lambe kang dhuwur, watêke ala, sapa kang ngingu utawa nunggangi sok padu.

Samparwangke:

Samparwangke iku dina Sênèn kang ambênêri paringkêlan Aryang, ing dalêm wuku têlung puluh kang kadunungan samparwangke wuku lêlima, kaya ta: Sênèn Kliwon: Warigalit, Sênèn Lêgi: Bala, Sênèn Paing: Langkir, Sênèn Pon: Sinta, Sênèn Wage: Tambir

Iki uran-urane: Samparwangke ngasmarani / lakune sabên ri Soma / kang nuju Aryang ringkêle / Kliwon Wriga Lêgi Bala / Paing Langkir Pon Sinta / Wage Tambir jangkêpipun / ran ringkêl wa ba lang si ta //

Ciri samparwangke, sikil jaran ing buri ana bêlange, watêke ala, yèn ginawa lungan kang nunggang kêlaran ana ing paran.

Sempol:

wangsalan Tjent 1. pondhoh cêngkir olèh dening êmpol, 2. sangisoring wêntis, olèh dening kempol.

Sampang:

pangulu kyai agêng ... zie P.N. no. 26

Simping Kw.:

kima, kumara, sipi-sipi, wirêngka.

Sumping:

zie kambil karajan

Sumping:

zie srandu kêbo sapi

Sumping:

zie panggung

Sumping (padhalangan):

Sumpingan iku wayang kang jinèjèr megos ana ing kêlir: kiwa têngên, sarana [sara...]

--- 2 : 1034 ---

[...na] ditancêbake ing gadêbog, yèn wis dadi sumpingan aran panggung.

Sumêdhang:

mas ayu ... sumare ing

Sumêdhang:

zie gend slend pat sng.

Samaja:

zie gajah

Sumyang:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII

Sumêmi:

zie P.N. no. 47 en 48 pangulu

Sômba (padhalangan):

wandane sêmbada, bontit sarta banjêt

Sambi:

zie abdi dalêm Bayalali letl. e

Sambi:

' = kusambi. Wongwoh. kusambi arane: kêcacil, kêna ginawe lênga damar, utawa kêna ginawe urus-urus, kayadene kastrali.

Sêmbah:

Wiwite ana tatakrama sêmbah, saka Sri Mahadewa Budha, nanging patraping sêmbah kuncuping tangan didunungake ana ing êmbun-êmbunan (145) P.R. I 116-8 vo.

Sêmbah marang dewa kuncuping tangan ana ing êmbun-êmbunan, sungkumesungkême. angèstupada (= ujung dalamakan).

Sêmbah marang ratu kuncuping tangan ana ing irung, sungkême ngambung jêngku, nanging saiki ngambung dalamakan, dening wis ora ana dewa (526) P.R. III 292-6 vo. saka Prabu Basupati ing Wiratha.

Sambêr:

Wisaya iwak kali ingaran: sambêr, prayogane môngsa kali wis gêdhe sarta banyune wis buthêk, patrape wong nyambêr ngadêg ana sapinggiring kali kang banyune jêro, tangane karo pisan nyêkêli langkeyaning sambêr (= garan sambêr) sambêr banjur disendhokake ing banyu manut ilining banyu, diarah sawatawa silêm, pangêntase uga manut ilining banyu mangisor, amarga kang diarah mapagake lakuning iwak kang nungsung banyu, yèn durung olèh iwak iya disendhokake manèh bola-bali kaya sing uwis, dene kêtarane yèn olèh iwak, tangane krasa sumêndhul, adate olèh-olèhane iwaiwak. rupa-rupa, kaya ta: badhèr, wagal, tagèh sapanunggalane bangsaning iwak kang sêdhêngan gêdhene.

--- 2 : 1035 ---

Sumbêr:

zie sêndhang

Sêmbur adas:

zie gend bon pat bar pel

Simbar dhadha Kw.:

krudha roma, keswa jangsa, simbar jaja, jagamaja

Sambirêja:

zie abdi dalêm Sragèn letl. c

Sumabrata:

patih radèn adipati ... ing Kartasura. (Mrt 2 t en Mrt mas 3 t) en zie patih no 11 iku putrane Radèn Carik. Kalipah Murtapa, Pangeran Kaputran, Pangeran Bênawa ing Pajang. En zie P.N. no. 38 en 39

Sumbêr mêdhak (Kuthagêdhe):

pasarean, kang sumare ing kono 1. Kyai Sutawijaya I putrane Kyagêng Karanglo, 2. Radèn Lara Bokor putrane Kyai Sutawijaya

Sumbada:

zie Narayana, Sômba en Baladewa

Sumbadra:

' = Subadra skr. Subadra (padhalangan) wandane: rangkung, lancêng, lan lêntrêng

Sêmbawa:

zie ladr pel lima

Sêmbawa (katuranggan):

Jaran wêton Sêmbawa kang akèh cilik-cilik, êndhase gêdhe.

Sambul talèdhèk:

zie gend reb pat nem pel

Sambul laras:

zie gend reb pat nem pel

Sambul gêndhing:

zie gend reb pat nem pel

Sêmbilang:

wangsalan Tjent kang anggung sirna = ilang

Samboja Kw.:

sambodya, sambija

Sêmbagèn:

zie tatahan

Sambegana:

zie pujôngga (8)

Sambèng:

wangsalan Tjent pangundanging putra santri = bèng

Sêmbunglangu:

(panakawane Prabu Klana)

Sêmbunggilang:

zie gend

Sêmang:

zie gend reb pat nem pel

Sêmôngka:

1. zie wit (sêmôngka) 2. kw. watêsan, 3. wangsalan Tjent munggah ing ardi olèh dening sumêngka

Sêmanggi:

wangsalan Tjent sumêlang ing ati, olèh dening sêmang- sêmang

Sêmanggita:

zie gend bon pat limo

--- 2 : 1036 ---

Sêga:

Araning sêga kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki:

ura, angèn van angi, anggi van sêkul langgi, kêpyar, tumpêng wajar

warna: abang, irêng, kuning, biru lan putih

wuduk: ingêdang, liwêt: liniwêt, loyang, punar, pulên, mêgana, gurih, gorèng, golong, gêbuli

--- 2 : 1037 ---

Sêga iwak panganan:

a. Ing ngisor iki araning sêga iwak panganan, kaya ta: asah, angêt, unggah, ropoh, rogoh, kêbat, kupat, kupat mêncit, kêpyar, tumpang, tumpang Madura, tumpêng, sininjong (ramês Jogja), warna (abang, kuning, putih, biru), wuduk, lonthong, liwêt, liwêt sungsun, liwêt Madura, lulut, loyang, langgi, punar, pulên, janganan, mêgana, gorèng, gulung, golong, gudhang, gêbuli, bontot

b. Ing ngisor iki araning iwak sarta lawuhan sabangsane, kaya ta: untup-untup, êntho-êntho, iwak duduh, êmpal, abon rêmus, abon kêring, abon mayang, cabuk, rêmpah, kendho urang, kendho koto, têrik, srundèng, srundèng kabul, srundèng sêmaradana, srundèng jêgèg, sate, sate pênthul, sêmayi, sambêl, sambêl kacang, sambêl krangeyan, sambêl kukus, sambêl kuwik, sambêl kluwak, sambêl kêmiri, sambêl santên, sambêl wijèn, sambêl laos, sambêl dhêle, sambêl gêpèng, sambêl brambang, sambêl bawang

--- 2 : 1038 ---

sambêl gorèng utak, sambêl gorèng èbi, sambêl pête, sambêl pêtis, wuku, pindhang, pelas, dhèndhèng, dhèndhèng age, dhèndhèng ragi, dhèndhèng kripik, dhèndhèng gêpokan, jangan, jangan asêm, jangan cupang, jangan loncom, jangan ladha, jangan lumbu, jangan mênir, jangan gile, jangan bobor, gêcok gênêm, gorengan, gadhon, gudhêg, gêmbrot, brongkos, blêketho, bothok urang, bothok angkrik, bothok blênyik, bothok bungkil, bongko

c. Ing ngisor iki araning panganan sabangsane, kaya ta: endralaya, êntul-êntul, ondhe-ondhe, unthuk banyu, inthil, ocar-acir, oran-oran, oran-oran lêgêndar, horog-horog, orong-orong gotong, utri, itil kêkêcèh, hawug-hawug, ulèn-ulèn, hêlog-hêlog, opak, opak angin, apêm, apêm kocor, ampyang, êmpog-êmpog, êmping pari, mlinjo, nagasari, cucur, cara, caramadu, corot, criping, carangmangu, caranggêsing, clarat, cipiran,

--- 2 : 1039 ---

cêthot, cênggèrèng, rôndhakèli, rêmpèyèk, rambutan, rangin, rêngginan, krasikan, karag, karag lêgêndar, karag pohung, karag gadhung, kêrengan van kêring, kokis, kêtan srikaya, kasturi, kusluk, kolak, kêlak-kêling, kluwa, kluwa nôngka, kluwa kêncana, kluwa kênthang, kluwa katela, kluwa kolang-kaling, kluwa sukun, kluwa waluh, kluwa linjik, kluwa pohung, kluwa bligo, klêpon, kêmplang, kêmbang pari, turuk umès, turuk jêmbutên, turuk bintul, tape êmpog, tape kambang, tape pohung, timus, tumpi, sriawan, srikaya zie kêtan, srabi, srabi êndhog, srabi abang, srabi pokak, satriya mujung, sêmarmêndêm, sampora, sagon, sabun, sobrah = gudir, widaran, wolak-walik, walangan, wajik, loncis, lantakan, likak-likuk, ledre intip, ledre êndhog, ledre prok, lopis, lêmèt, lêmpêr, lêmpog, lèmpèng, limpang- limpung, lêgôndha, pênyon, pradatan

--- 2 : 1040 ---

puli, pêlikipu = manjo, plèrèd zie gêmpol, pipis abang, pipis kopyor, pipis dêgan, pipis tuban, pudhak, puthu cangkir, puthu kêring, puthu têgal, puthu mayang, puthu bumbung, puthu bathok, dhawêt = itil kêkêcèh, dhudha kêmul, jênang abang, jênang nanas, jênang nôngka, jênang caca, jênang caca bêndha, jênang katul, jênang kuwèni, jênang kolèh, jênang kalong, jênang kopyor, jênang kombul, jênang kambang, jênang durèn, jênang dodol, jênang tela gantung, jênang sêkul, jênang sliringan, jênang saloka, jênang sagu, sungsum, jênang waloh, jênang lahang, jênang linjik, jênang lêmu, jênang procot, jênang pêlok, jênang pêlêm, jênang pathi, jênang onggok, jênang trate, jênang têmu, jênang pohung, jênang pathi pêlok, jênang jagung, jênang jengkol, jênang garut, jênang muntên, jênang madusirat, jênang grêndul, jênang gêdhang, jênang baro-baro, jênang blowok, jênang blimbing wuluh, jênang bubur sarèn, jênang ngangrang, jadah, jadah pohung, jadah gêdhang, jaladara, jalabiya, jêmunak, jongkong, mêniran, manco = pêlikipu, mêndut, mênto,

--- 2 : 1041 ---

muntên, madusirat, madumôngsa, gandhos, gandhos êndhog, gandhos gurih, gandhos gêdhang, gandhos gimbal, gandhos wingka abang putih, grontol, grubi, gudir = sobrah, gêti, gula sakèrèk, gula sêmut, gêplak, gipang, gêmpol plèrèd, gêmblong, gêbingan, gêthuk, gêthuk èlèr, bintêng, brondong, bikang, badhak, thiwul

Sêga dèn wadhangake, simpên sêga aking, dadi pangane Bathara Kala

Wiwite ana sêga golong pêcêl pitik jangan mênir, saka Dèwi Sri, mundhut dhahar ana ing omahe Kèn Patani ing Mêndhangwangi (471) P.R. III 71-7 v.o.

Sugihan:

zie abdi dalêm Sukaharja letl. b.

Sigar:

zie srandu kêbo sapi

Sêgara:

iku bangsaning manuk, arane iya: manuk sêgara.

a. Manggon ing sêgara ngêndi-êndi, manuk sagara kanggo pandomane wong golèk iwak ing sagara, sabên kêpêthuk manuk sêgara: kêna tinamtokake bakal olèh iwak akèh.

b. Manggon ing sagara sakidule kapdhêhu-dhêhup, ing tanah Aprikah, pasabane ngêtutake prau lumaku, mabur utawa nglangi, panguripane mangan rêrêgêd buwangan saka prau, utawa mangan iwak.

Sêgara Kw.:

hèrnarwa, hèrnarwada, hèrnawa, udadi, udaya, utaya, narmada, dadi, tasik, samudra, sagantên, sabaga, waudadi, waudaya, laut, pasir, jadhi, jalanidhi, jaladri, jaladiyan, maodadi, biralaya, zie kali

Sêgaran:

zie gend.

--- 2 : 1042 ---

Sêgarawana (mariyêm):

Mariyêm sêgarawana iku yasane Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, panunggalane Kyai Sêgarapalwa, Kyai Gêlap, Kyai Balêdhèg lan Kyai Bagus Alus, kagawe Walônda saka ing Jakarta (Batavia) nalika

taun Mèsèhi 1629 utawa taun Jawa 1567 ... sawênèh sinangkalan swaraning buta lima wani (1557) iku êndi kang bênêr.

Sagarawana = horêging wana. Sêgarapalwa = horêging palwa.

Sêgara winotan (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sêgara winotan luk 3 kêmbang kacang jenggot, sogokan dhuwur banjur lêr siji.

Sêgara:

palwa zie sêgarawana

Sigar jantung (kawruh êmpu):

Dhapuring tumbak sigar jantung: bênêr, kruwingan nganggo gêthêt.

Sogokan:

zie srandu kêris. en zie srandu kêbo sapi

Sogok itil Kw.:

sogok prana

Sogata:

' = rêsi zie pandhita

Sigug (katuranggan):

Kang aran gêbug sigug, iku anggêbug utawa nyamêti jaran teponge têngên zie laku letl d.

--- 2 : 1043 ---

Saba:

nyai agêng ... zie sela no. 8

Sabu (katuranggan):

Jaran wêton Sabu, wulu lan kulite, apadene atine sêdhêng, pasêmone liyêp.

Seba:

Paseban Kw. panangkilan, pôncaniti, pasowanan.

Pasewakan, padhalangan, balerong.

Saban:

zie brahat 3 en 4

Subrastha:

' = guntur gêni (mariyêm). Mriyêm Kyai Subrastha iya Kyai Guntur Gêni, iku pisungsunging Kumpêni Walônda marang Ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, sinangkalan rasaning buta marga wani.Sengkalan: rasaning buta marga wani (1556 A.J., 1634/35 A.D.).

Sabrang:

sabrangan zie srandu kêbo sapi

Sabrang:

zie wit (lombok)

Sobrang:

zie ladr. slend. pat. nem.

Subrôngta:

patih arya ... zie P.N. no. 3

Sabranglor:

pangeran ... = Sah Alam Akbar II Sultan ing Dêmak, zie P.N. no. 27

Sobrang barang:

zie ladr. pel. pat. bar.

Sabuk:

Ukuran dawaning sabuk padha lan dawaning kêmbên, 5 kacu = mori 2 1/2 kacu sinigar ing têngah.

Sabuk intên (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sabuk intên luk 11 nganggo kêmbang kacang, sogokan, lambe loro sarta ri pandhan. En zie panimbal (4).

Sabuk ukup:

Wong dodotan iku nganggo sabuk, ambane mung satêbah, bakale sêrat nanas nganggo diukup ing sêpah têbu. Awit saka ukup iku anganakake aran: sabuk ukup, mung bineda têmbunge riningkês, sabuk ukup sutra, cindhe, renda lan liya-liyane. Dene kang nganggit sabuk ukup kaciyutake, ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. I sinangkalan trusing guna rasa tunggal (1639).Sengkalan: trusing guna rasa tunggal (1639 A.J., 1715/16 A.D.).

Sabuk ukup gubêg:

Iku kang tanpa sorot, dadi agêming ratu, sarta para putra santana dalêm (Pangeran Riya lan mantu [ma...]

--- 2 : 1044 ---

[...ntu] dalêm). Apadene pêpatih lan bupati kang sêntana wayah dalêm liyane ora kêlilan nganggo yèn ana kang nêrak wani nganggo: kalarangan, iku muni ing layang undhang-undhang dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV, katitimangsan ping 5 Jumadilawal Ehe ôngka 1716 en zie dodot.

Sabuk tampar (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sabuk tampar:

1. luk 9 nganggo kêmbang kacang lambe siji, sogokan siji ing ngarêp, sarta ri pandhan.

2. luk 11 sogokan siji, sraweyan, luk rekol.

Subadra:

Skr. Soebadra zie Sumbadra

Sabêt (padhalangan):

Panyêkêling gapit kudu rêsik, sanadyan pêrangan bisa awijang tindak-tanduking wayang.

Sêbit:

zie rèh letl. a

Sêbit lontar:

' = mathising gônja

Sêbut:

wangsalan Tjent. panggrêsahing santri

Subasiti:

Rêtna Dèwi = Ratu Ayu zie P.N. no. 21

Sabêl martêr:

Dumunung ing tanah Eropah Têngahan, môngsa bangsaning manuk, wulu lan kulite alus kayadene wulu lan kuliting hèr mêlim lan prèt, sok dianggo rangkêpaning kulambine bôngsa Eropah ing môngsa bêdhidhing, lan dianggo dhasine para nyonyah.

Sabaparan:

ana ing P.R. I 196-3

Sanga:

zie pathêt nêm

Sanga (waduaji):

Mirit saka bolonganing awak sanga dadi itungan 9.

Singa:

zie kêbo lajêr (4)

Singi:

zie abdi dalêm

Sungu:

srandu kêbo sapi

Singah:

(= pakumpulan) zie brahat no. 2

Singanagara:

zie abdi dalêm kaparak kiwa no. 3. Abdi dalêm Singanagara kèhe 15 panèwu mantri sajajare, aran sagolongan, pagaweane ngêthok gulu, anjonjang tangan utawa sikil, ambungis, micis lan ngrancam dêdosan kalawan wêdhung, kang wis karampungan pisan.

Sang Hyang:

Wiwite ana sêsêbutan Sang Hyang, saka Sayid Anwar jumênêng ratu ana ing pulo Maldewa, nganggo sasêbutan: Sang Hyang Nurcahya P.J. 25-1.

--- 2 : 1045 ---

Sangar sasi ...:

sataun pinara catur / Pasa Sawal Dulkangidah //

Jumungah ngarannèki / Bêsar Sura lawan Sapar / Sêtu Ngahad sangarane / Mulud Rabingulakir myang / wulwanwulan. Jumadilawal / Sênèn Slasa sangaripun / MadalakirMadilakir. Rêjêb Ruwah //

sangaripun Rêbo Kêmis / ...

--- 2 : 1046 ---

Murwa Pasa ngaran sasi / Dhatuk Bahni kang têtruka / ing Mrapi padhukuhane / laladan tlatah Grobogan / marang Sèh Amongraga / sataun pinara catur / Pasa Sawal Dulkangidah //

Jumungah sangar rannèki / Bêsar Sura lawan Sapar / Sêtu Ngahad sangarane / Mulud Rabingulakir myang / wulang Jumadilawal / Sênèn Slasa sangaripun / Madilakir Rêjêp Ruwah / sangaripun Rêbo Kêmis //

--- 2 : 1047 ---

Sangaring nagara:

1. Yèn nagara cidra, apês jurite, 2. yèn nagara ngukum wong kang ora dosa (kukumulah) wong cilik padha mêskin, 3. yèn nagara nindakake panggawe ora kalawan sabênêre, akèh pêpati, 4. yèn nagara ngurangi takêran, sakèhing wiji ora thukul, 5. yèn nagara ora jakat marang pakir miskin prasasat ngajak kurang udan de Par b.

Sangaring taun:

zie taun (purwa madya wusana) en zie taun (3)

Sangaring sasi:

zie sasi (sangar) en zie sasi (6)

Sêngèr (katuranggan):

têgêse: sêngka, kasêngèrake = kasêngkakake zie laku letl. d.

Singaranu:

Patih jêro tumênggung ... (Sult. H. 6 t Mrt. Teg. 10 z, zie P.N. no. 35 en 36 enz. zie patih no. 6)

Iku putrane Kyai Pangulu Barat Katiga, putrane: Pangeran Ngatasangin, putrane: Arya Panangsang, adipati ing Jipang, putrane: Pangeran Sêkar kang seda ing Kali, putrane: Sultan Dêmak I (Radèn Patah)

Singaranu:

tumênggung zie Img. no. 47

Singaranu:

tumênggung zie Img. no. 87

Singaranu:

narpa zie Img. no. 86

Sangki:

patih adipati ... zie P.N. no. 14

Sôngka:

' = gong, têtêngêring prang ing jaman kuna nganggo sôngka zie kala

Sôngka:

' = kêthuk zie lokanônta

Sungkuh:

zie tangguh

Sêngkan turunan:

1. Sri, watêke wêlasan, mupangate adagang layar candhak kulak, akèh bathine, yèn sumêngka dhêmên ngunjamana ing pawèhe.

2. Asu ajag, watêke dhêmên ngagètake atining wong, mung murih kinawêdèn ing sapêpadhane.

3. Sapi gumarang, watêke dhêmên ngrusak barang kabêcikan, mung murih kasusahaning liyan, yèn sumêngka dhêmên kajèn keringan, kinawêdèna ing sapêpadhane, aja nandur pari jagung mundhak pinangan ing mênthèk.

4. Cèlèng dêmalung = têmbalung, watêke dhêmên laku silib, mung murih [mu...]

--- 2 : 1048 ---

[...rih] bilaining wong lan tanêm tuwuh. Yèn sumêngka dhêmên anggêgila atining wong, aja nandur pari jagung mundhak pinangan mênthèk.

5. Kuthilapas, watêke dhêmên drigama, mung murih bilaining wong. Yèn sumêngka saya agawe bilai gêdhe.

Sêngkan turunan:

1. Ngahad Kliwon tum kuthilapas ing sêndhang: Madhangkungan

Sênèn Kliwon tum kuthilapas ing lumbung: Warigalit

Salasa Kliwon tum kuthilapas ing têgal: Prangbakat

Rêbo Kliwon tum kuthilapas ing kandhang: Galungan

Kêmis Kliwon tum kuthilapas ing alas: Kulawu

Jumngah Kliwon tum kuthilapas ing taman: Julungpujut

Sêtu Kliwon tum kuthilapas ing lêsung: Landêp

2. Ngahad Lêgi tum sri ing taman: Mrakèh

Sênèn Lêgi tum sri ing pawon: Tolu

Slasa Lêgi tum sri ing kandhang: Wuye

Rêbo Lêgi tum sri ing paturon: Julungwangi

Kêmis Lêgi tum sri ing lumbung: Wugu

Jumungah Lêbi tum sri ing padringan: Langkir

Sêtu Lêgi tum sri ing lêsung: Watugunung

3. Ngahad Paing tum asu ajag ing pawon: Maktal

Sênèn Paing tum asu ajag ing pakiwan: Parigagung

Slasa Paing tum asu ajag ing têgal: Bala

Rêbo Paing tum asu ajag ing jogan: Kuningan

Kêmis Paing tum asu ajag ing sawah: Dhukut

Jumungah Paing tum asu ajag ing latar: Pahang

Sêtu Paing tum asu ajag ing pawon: Wukir

--- 2 : 1049 ---

4. Ngahad Pon tum sapi gumarang ing sawah: Tambir

Sênèn Pon tum sapi gumarang ing taman: Gumbrêg

Slasa Pon tum sapi gumarang ing ara-ara: Manail

Rêbo Pon tum sapi gumarang ing sêndhang: Sungsang

Kêmis Pon tum sapi gumarang ing alas: Wayang

Jumungah Pon tum sapi gumarang ing têgal: Môndhasiya

Sêtu Pon tum sapi gumarang ing kandhang: Sinta

5. Ngahad Wage tum cèlèng dêmalung ing sawah: Wuye

Sênèn Wage tum cèlèng dêmalung ing taman: Julungwangi

Slasa Wage tum cèlèng dêmalung ing ara-ara: Wugu

Rêbo Wage tum cèlèng dêmalung ing sêndhang: Langkir

Kêmis Wage tum cèlèng dêmalung ing alas: Watugunung

Jumungah Wage tum cèlèng dêmalung ing têgal: Kuruwêlut

Sêtu Wage tum cèlèng dêmalung ing latar: Kurantil

Sêngkan turunan:

R ... putrane rêsi Andong Dhadhapan ing Mêndhang Agung, kang nyirnakake anak-anake Puthut Jantaka, zie Pirk. blz. 44

Sangkraknyana:

zie abdi dalêm kaparak kiwa têngên no. 11 en 12. Abdi dalêm Sangkraknyana kèhe 22 panèwu mantri sajajare aran, sagolongan gêgamane lamêng sarta tamèng, pagaweane rumêksa kori srimanganti lor lan kidul, anane prajurit sangkraknyana wis dhèk jaman Mataram, têgêse sangkraknyana = bangêt prayitna zie ben

Sêngkawa:

abdi dalêm pari

Sêngkawa:

abdi dalêm gend. reb. pat. nem. pel.

Sèngklèh:

pambuwangan ing jaman kuna papane ing kabareyan Jogja zie J.W. 128-3 v.o.

Sangkala kalung:

Ciri sangkala kalung, unyêng-unyêngan jaran kasasaban kuping, watêke ala apa barang kang tinêmu baku.

Sangkêlat:

Kêris dhapur sangkêlat luk 13 nganggo songkokan loro, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo jalèn, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng, nganggo rôndha nunut kang yasa Sunan Benang, kang kinon Êmpu Suna (jaman Dêmak), sinangkalan bolong mataning buta raja (1529)

Sangkêlat (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris sangkêlat luk 13 kêmbang kacang, songkokan, jenggot lambe siji, ri pandhan.

Sangkletan:

verk r. sangkêlitan zie srandu warôngka dêmung

Singadiwôngsa:

kyai ... en nyai ... zie S.W. no. 6 en 7

Sangat nabi:

zie nabi (sangat)

Sangat kabudan:

zie Buda (sangat)

Sangat tatal:

zie nabi (sangat)

Sangat lêlungan:

Ing ngisor iki sangate wong lêlungan utawa wong mangkat prang.

[...]Satu halaman kosong.

--- 2 : 1050 ---

Songkok:

zie kuluk

a. Songkok irêng baludru lugas, agêm dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kagêm yèn maju miyos têdhak loji, nuju taun baru utawa taun raja, lan kagêm mêthuk rawuhe kangjêng tuwan bêsar, sarta kagêm manggihi ana ing kadhaton, tuwin kagêm pisitê marang karesidhenan.

b. Songkok kasar irêng burdir agême kangjêng gusti pangeran adipati anom tuwin pêpatih dalêm, apadene para bupati niyaka, utawa kolonèl lan litnan kolonèl sarta para mayor, mung seje lung-lungane bae, kagêmeagême (dan di tempat lain). kangjêng gusti, pêpatih dalêm lan para bupati nayaka mung yèn mêthuk rawuhe kangjêng tuwan bêsar. Kagême kolonèl lan litnan kolonèl tuwin para mayor, sabên garêbêg lan tingalan dalêm jumênêngan sarta wiyosan.

--- 2 : 1051 ---

Ngahad jam 10 garudha kalah lan sarpa, Sênèn jam 6 sardula kalah lan sona, Slasa jam 2 singa kalah lan palguna (kancil), Rêbo jam 4 arka kalah lan basônta, Kêmis jam 11 pusa kalah lan jinada, Jumungah jam 3 wulung kalah lan sata, Sêtu jam 12 ula kalah lan canthuka

Singasari:

kangjêng pangeran arya ... putra P.B. III zie Img. 129

Singasari:

kangjêng pangeran arya ... putra P.B. III zie Img. 39

Singasari:

kangjêng pangeran arya ... putra P.B. III zie Img. 54

Singasari:

radèn tumênggung ... putra P.B. III zie Img. 81

Singasari:

pangeran ... putra P.B. III zie k.g. 13 Kangjêng Pangeran Arya Singasari I (putra P.B. III) yasa wayang purwa angganêpi paringe ingkang rama sarta yasa topèng, kang didhawahi natah: 1. mothi, 2. robyong, 3. Sêcawijaya, 4. Ebrus ing Palar, wiwit nalika iku anane topèng rêngode disêrit, Klanane aran: Kyai Gègèr, 2. Kyai Gêblag, 3. Kyai Tilam, Panjine tuwa aran: Kyai Dhukun, Panjine nom aran Kyai Malatsih, Gunungsari: Kyai Bontit, Klana: Pamêdharsih, Onêngan: Pamularsih, Kumuda: Pamêgatsih, sinangkalan tanpa karya swarèng rat = 1740.Sengkalan: tanpa karya swarèng rat (1740 A.J., 1813/14 A.D.).

Sungsum:

zie srandu kêbo, sapi en zie balu letl. a

Sungsum Kw.:

astisi, sadisya, saswama, gagala.

--- 2 : 1052 ---

Sungsang:

Dhangkèl sungsang iku yèn dipangan angêndêmi, rasane ngêlu anggliyêr, ora duwe kaelingan, yèn kaduk pamangane bisa andadèkake patine, panawane diombèni banyu dêgan krambil ijo, rupane dhangkèl sungsang kaya gêmbolo, yèn ditèmplèkake ing awak krasa panas, uwit lan godhonge kaya uwi, rumambat ing kêkayon, uwit sungsang thukul ing alas sabên môngsa kapat, arang thukul ing padesan, sabên môngsa katiga: mati, dadi iya kaya uwi, wong pangalasan yèn golèk uwi alas sok nrêncuhi dhangkèl sungsang kinira gêmbolo.

Singa-singa:

zie ladr. pel. limo. sanglir, ciri sanglir paringsilane konthol jaran mung siji, watêke ala, kang ngingu kêrêp kêlaran.

Singaprana:

kyai ... en nyai ... zie S.W. no. 2.4.5.8 en 3.5.9

Sangupati:

kyai ... gend. bon. pat. bar. pel.

Sang jôngga:

ciri sang jôngga, unyêng-unyêngan jaran ana ing tênggok, watêke bêcik, kang ngingu sugih rajabrana.

Sôngga (waduaji):

Kang aran: sôngga, iku bodhag pèn-penan pari amot 6 1/4 gèdhèng, mulane diarani: paroning wuwa.

Sanggan:

pangantèn nikahan nganggo sanggan gêdhang raja satangkêp kang ganêp wijilanganingwilanganing. ulêrane, cikal loro klasa bôngka siji, jukat,jungkat. suri, agêl, kangsi, lênga sundhul langit, kunir, kapuk, mirit agama Buda.

Sênggani:

Anane gamêlan sênggani (2 kaca) saka anggite Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, kang anggarap Dêmang Gunaprawira, kang ginawe gong: kêmodhong.

Sanggar Kw.:

sanggar langgatan, pidik, pidikan, môndakini.

Sanggar sengan:

zie abdi dalêm wadon no. 26

Sanggraha:

pasanggrahan, kw. kuwu, pamangunan.

Sênggaringan:

wangsalan Tjent. sêmune jati angarang, olèh dening garing.

Sônggarunggi:

' = sônggawêdha. Kw. wiki, walangati.

Sôngga wêdhi:

panêmune abdi dalêm gamêl, aran kêlantur, bênêre: sônggarunggi zie kambil karajan no. 32.

--- 2 : 1053 ---

Senggol:

1. zie kêtan, 2. zie gamêlan

Jumênêng dalêm P.B. IV karsa yasa gamêlan salendro, kaparingan aran Kyai Senggol.

Sônggalangit Kw.:

sungsung antariksa, sôngga akasa

Senggama:

Nikmating wadon tikêl sapuluh tinimbang karo nikmating lanang P.R. VI 20-1

--- 2 : 1054 ---

Saka pangandikane andika nabi marang ingkang putra Dèwi Siti Patimah sakalihan ingkang garwa Sayidina Ngali. Kalamun sira sanggama miliha dina bêcik, nyingkirana dina ala, lan patrape liya-liyane kang ora arus, karana mungguhing wong sanggama yèn dadi bocah ala bêcike tinêmu ing bocah iku, kaya ta sanggama ing dina: Ngahad yèn dadi bocah mêtoni durjana, Sênèn srêgêp ngaji, Salasa akèh wong trêsna, Rêbo cilaka, Kêmis akèh bêgjane, Jumungah sugih kabisan, Sêtu bilai kalêbu ing banyu

Tanggal sapisan, Wêkasaning tanggal (29-30) ... yèn dadi bocah: bungkik, malêm tibaning brahat laranên ora bisa mari-mari, malêm Riaya Pitri duraka marang bapa biyung, malêm Riaya Bêsar yèn dadi bocah tangane siwil, malêm garêbêg têtêlu sok duwe lara ayan, Wayah pajar tuna ing budi, wayah têngange dadi juru tênung, wayah sadurunge lingsir Jumungah dadi pangulu, Katlorong ing srêngenge ora duwe bêgja, tanpa damar balilu kurang budi, karo ngadêg yèn dadi bocah bèsèr, karo caturan yèn dadi bocah bisu, karo gêguyon yèn dadi bocah juwèh,

--- 2 : 1056 ---

nonton pêrji, nonton dakar ... yèn dadi bocah: picak

ngusapi pêrji, Ngusapi dakar ... yèn dadi bocah: balilu

ana sangisoring wit-witan, yèn dadi bocah dhêmên niaya

ana ing panganêpan,panginêpan. yèn dadi bocah cilaka

nuju kèl, yèn dadi bocah budhug of barah

sugih gêndhingan, yèn dadi bocah anggalidhig

sanggama kêpêntut, yèn dadi bocah nyênyêngit (bêcik dipocot sadhela lèrèn ngêntut)

tangi turu: yèn dadi bocah kêthuh

mêntas madhang, yèn dadi bocah duwe lara watuk

rêsik awake, Rêsik saktangane, Nganggo wangi-wangi ... yèn dadi bocah linuwih (bagus utawa ayu alus bêbudène)

Sanggama sawuse bakda luka banjur adus, banjur mênyang masjid sêmbahyang Jumungahan

zie Tjent I pituture Kyai Dhatuk Bahni ing Marapi (Grobogan)

Sônggabuwana:

Ananane Panggung Sônggabuwana jumênêng dalêm P.B. III wiwite sinangkalan rasa dhuwur pangandikaning ratu (1706)Sengkalan: rasa dhuwur pangandikaning ratu ( 1706 A.J., 1780/81 A.D.). Jimakir rampunge sinangkalan: naga muluk tinitihan janma (1708)Sengkalan: naga muluk tinitihan janma (1708 A.J., 1781/82 A.D.). mung sajrone rong taun, dadi:

--- 2 : 1056a ---

Sanggung:

Prabu Mangkurat Jawa Kartasura bêdhami rukun lan ingkang rayi Prabu Ngalaga (P. Pugêr) taun 1604-1681 B.T.J. 380

Sênggung:

Sênggung iku bangsaning kewan môngsa manuk, dumunung ing tanah Amerikah lor, êntut sarta ababing sênggung bacin bangêt, awake apêk, nganti dadi paribasan: kaya êntut sênggung.

Sênggung Kw.:

Sahriba, Sakriba, Sriba, Sênggora,

--- 2 : 1057 ---

Lêngkosa, Lênggosa, Bangrita

Sungging:

zie abdi dalêm sungging

Sungging braja angkara:

zie bèbèr II

Singabarong:

1. zie Sura Letl. c, 2. zie Patih Adipati Singabarong P.N. no. 24, 3. zie kewan, manggon ing tanah Eropah, môngsa daging.