Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja)

Katalog:Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205
Sambung:
1.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #588.
2.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #589.
3.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #590.
4.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #591.
5.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #592.
6.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #593.
7.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #594.
8.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #595.
9.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #596.
10.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #597.
11.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #598.
12.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #599.
13.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #600.
14.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #601.
15.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #602.
16.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #603.
17.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #604.
18.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #605.
19.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha) . Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #606.
20.Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Bahasa dan Budaya | Adat dan Tradisi #607.

Ja:

Ja, aksara cêthak zie ca

Ja, aksara dayasastra zie da

Ja zie ca

Jha zie kha

Pasangan ja ana sangisoring aksara: nya, sa talawya kang dadi sêsigêging wanda, kaya ta: Panji, Masjid.

Ja:

1. Tj.B. anak. 2 Kw. wêktu, mêkar.

Jê:

niet.

Ji:

1. Tj.B. tunggal, 2. Kw. ratu.

Ju:

Tj.B. bontot.

Je:

niet.

Jo:

niet.

Jah:

Tj.B. padon.

Jêh:

niet.

Jih:

niet.

Juh:

niet.

Jèh:

Tj.B. sundêl.

Joh:

niet.

Jaha:

Wit Jaha iku ana kang lanang ana kang wadon, padha kaya wuni, mlinjo lan rambutan, wuni lanang mung bisa kêmbang banjur gogrog, mlinjo lanang mung bisa kroto, ora bisa dadi mlinjo, rambutan lanang mung mêtu kêmbange bae, sawise cumbana karo rambutan wadon, saka sarining kêmbang kang ingisêp marang bramara: banjur gogrog, mangkono uga jaha.

Ja lanang:

verk. v. jaha en lanang, wohe cilik sarta ora bisa dadi wiji.

Ja kêling:

verk. v. jaha en kêling (jaha wadon kang isih ênom dipe).

--- 3 : 1512 ---

Ja lawe:

verk. v. jaha en lawe (klothokan kulit jaha kang wis tuwa).

Jahnawi:

zie banyu.

Jahnawi kumba:

zie banyu.

Joan mangan (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris joan mangan luk 13 gula milir, sogokan, grènèng.

Jênu:

Oyod jênu, oyod gadhêl lan oyod tungkul, iku kêna ginawe misaya iwak kali, patrape: Oyod jênu kang wis garing sabagean, Oyod gadhêl têlês rong bagean, Oyod tungkul têlês rong bagean ... kadhêplok dadi siji.

Nganggo dibanyoni, banjur dipêrês, iya banyu pêrêsan iku kang dadi wisaya, wong angarani: anjênu, banyu wisaya iku disurake ing kêdhung kang kinira akèh iwake, ora antara suwe iwak sajroning kêdhung katon molah kêlaran pating krambang sawênèh mati, kêna wisayaning jênu, mung kari anjupuki bae. Prayogane anjênu: ing wayah bêdhug awan, bantêr-bantêring panas, jênune mandi, nwayahyèn wayah. esuk isih adhêm, jênune kurang mandi, kalah dening adhêming banyu. Wit jênu iku kaya wit kadhawung, kang gêdhe sapupu, kang cilik salêngên, mrambat ing wit-witan gêdhe, godhonge: kaya godhong pohung, nanging sêmu abang, sarta rada dhêmpok, thukule ana ing padesan, ora ana ing alas.

Karangane Mas Ngabèi Rêksapraja. Abdi dalêm panèwu wisamarta kaparak têngên

--- 3 : 1513 ---

Jênar:

zie abdi dalêm Sragèn letl. g.

Jênar:

sunan ... zie wali no. 29.

Janaka (padhalangan):

Wandane kinanthi, kanyut, jimat, malat, mangu zie pamade.

Jênalas:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII.

Jênêng cilik:

Ing ngisor iki petungan yèn wong arêp anjênêngake bayi lair, awêwaton lungguhing aksara, aja kongsi kuwalik, mirit saka dina kalairane, lakune mubêng mangiwa, utawa saka wetan mangidul, aksara kang ginawe tuwa: wetan, kaya ta: kalairane Ki Padmasusastra: Jumungah Pon, iku amiliha aksara wetan lan kulon, awit Jumungah lungguhe ana wetan, Pon ana kulon, utawa kêna wiwit saka wetan, kidul, kulon lan êlor, laku mangiwa, ananging aja laku manêngên = nga tha ba ga ma enz. iku aksara lor banjur mangulon, iku kuwalik arane, kaya ta:

ha na ca ra ka, Jumungah, Lêgi ... wetan.

da ta sa wa la, Sêtu, Ngahad, Paing ... kidul.

dha ja ya nya, Sênèn, Slasa, Pon ... kulon.

ga ba tha nga, Rêbo, Kêmis, Wage§ Kliwon manggon ing têngah kêna satiba-tibane. ... lor.

--- 3 : 1514 ---

Janur:

zie srandu kêbo sapi.

Janur:

zie wit (krambil).

Jendral nginum:

zie bathikan.

Jantenan:

zie wit (jagung).

Jantur (kaniyagan):

Têmbung: gamêlane dijantur, iku luput, bênêre: gamêlane disirêp, suwuk, utawa mênêng. Dhalange anjantur (carita) mulane wong anjaluk gêndhing Kêbogiro janturan, iku iya luput, bênêre: anjaluk gêndhing Kêbogiro katambanake iramane, nanging bênêr iku kalah karo kalumrahan.

Jontrot:

zie palêg.

Jantaka:

Anake Puthut Jantaka kèhe sanga: 1. Krakithaseta = Tikus Jinada, 2. Waraha = Cèlèng Têmbalung, 3. Wanara = Kuthilapas, 4. Kêbo Andanu = Kalamurti, 5. Sapi Gumarang = Kalasrênggi, 6. Warôngga = Sangsam Karêndhi, 7. Harina = Kidang Ujung, 8. Kurmanda = Buluspas, 9. Kurkura = Kura Garêgês.

Jantung Kw.:

adnyana, atnyana, tuntun, tuntut, tungtut.

Jontong (têmbung minggiran):

pirantining prau.

Jêndhil:

wangsalan Tjent. dandang cêmpli = kêndhil

Jondhil:

zie rèh letl. a.

Janjan biru:

zie wulu.

Janma:

verk. v. jan en suksma, jan = nitis, suksma = titising suksma D.K. 1835 no. 52.

Jênthar:

zie gend.

Jar:

1. Tj.B. wara, 2. Kw. ujar, wicara, warah.

Jêr:

niet.

Jir:

Tj.B. têka.

Jur:

Tj.B. mara

Jèr:

Tj.B. sumringah.

Jor:

niet.

Juru:

1. zie abdi dalêm juru suranata, 2. abdi dalêm juru patunggukane ana ing Masjid Suranatan, pagaweane tunggu yèn ana babaran utawa putra dalêm gêrah, yèn ana têruh, gara-gara, gunung murub sapêpadhane kudu nyumurupi, lan apa kang dadi sarat masrute, apadene kudu bisa marang petung pawukon sarta môngsa, yèn ana pandangon bisa ngaturi katrangan, 3. Juru pandaya = juru amèk iwak kali, wong kirata juru ambêburu buron alas, P.R.I. 88-3 en 90-8.

Jaran.:

Kang muni ing layang Tjand. S. 354-5 v.o. panjênêngane Prabu Kanwa (Kano) iya Sri Makukuhan ing Purwacarita kang kagungan pamanggih sapisan jaran iku kêna ditunggangi, kapirit saka têmbung: jaran, ja = karêp, ran = lungan (= arêp lungan) utawa saka têmbung: kuda, ku verk. v. iku = buntut Tjand. S. 354-5.v.o. da = dawa (= buntut dawa) sinangkalan: salira trusing mantri (398).

Kang muni ing buk Nitik, nalika panjênêngane Prabu Kanwa (= Kano) ing Purwacarita kagungan pamanggih yèn jaran iku kêna ditunggangi, iya kalakon dadi têtunggangan linuwih nganti tumêka saiki nanging tinêngêran nalika taun Côndrasangkala 398, gèsèh titimangsane. Jaran iku dumunung ana salumahing bumi, têgêse ing ngêndi-endi ana.

Jaran kw.:

undhakan, adraba, aswa, asya, kuda, kalêngki, kalangkya, kapal, turôngga, swaninda, wajik, prasita.

Ing ngisor iki kawruh katuranggan:

--- 3 : 1515 ---

Jaran (ukur):

1. Pêthèk ukur êndhas. Yèn arêp sumurup pêthèk dawa cêndhaking umure jaran, tinêpusa dawaning êndhas tutug bunguring jaran, tinêmuning têpus banjur tinibakake ing bokong pok janggêl maju têlung tiban, yèn cupêt têkaning sêmbêlehan cêndhak umure, yèn papak sêdhêngan, yèn luwih dawa umure.

2. Pêthèk ukur adêg. Yèn arêp sumurup pêthèk ala bêciking jaran, dêdêging jaran tinêpusa wiwit ing kutis têkan ing lêmah, tinêmuning têpus banjur ditêkuka sathithik sacukupe kaukurake karo gêdhening sikil wajike jaran, têkukan sapisan mau katikêl- tikêlna tinêmu pira, yèn ganêp: ala, yèn gathèt = bêcik, yèn tiba pitu lan sanga iku jaran luwih bêcik.

3. Pêthèk ukur awak. Yèn arêp sumurup pêthèk bêgja cilakaning jaran, dèn têpusa dawaning awak, wiwit janggêl buntuting jaran maju têkan ing kuncung, tinêmuning têpus banjur ditêkuka sathithik sacukupe kaukurake karo gêdhening sikil wajiking jaran, têkukan sapisan mau katikêl-tikêlna tinêmu pira, banjur kawilang nganggo petungan kaya ing ngisor iki:

candhi, karta, rogoh, têmpoyong,sêmpoyong. yèn kari:

1. Candhi, bêcik, kukuh sarta slamêt. 2. Karta, bêcik, tansah mundhak rêgane. 3. Rogoh, ala, sajrone 5 taun mêsthi ginawa ing durjana. 4. Sêmpoyong, ala, gêring.

--- 3 : 1516 ---

Jaran (cacab, kramas en guyang):

1. Suri supaya akèh utawa irêng, Buntut supaya dawa ... kacacaban lêri bungkak, godhong kalilika kawênyêd karo banyu banjur kasikatake ing suri sarta ing buntut.

2. Suri supaya akèh, Buntut supaya dawa ... dikramasi: a. Blarak jambe, Godhong injên-injênan ... kadhêplok dadi siji winoran banyu banjur pinêrês kinarya kramas. b. Sulur waringin, Godhong senthe irêng, Godhong dhandhanggula, Pathining asêm ... winor dadi siji banjur didhêplok nganggo banyu pinêrês kinarya kramas, ampase kagosokake têrus kulit, ing suri lan ing buntut.

3. Wulu supaya lêmês, kaguyang: a. Kakêrok karo banyuning godhong randhu sarana karêmêt, ampase kagosokake ing awake sarta banjur kagosok ing bagor, wusana banjur kagrujug ing banyu wayu kang rêsik. b. Pangguyanging jaran dhawuk, sarana kagosok ing siladan utawa êduk, supaya awèt dhawuke. c. Pangguyanging jaran jragêm, utawa jaran bopong ... kagosok ing godhong injên-injênan, supaya mêtu dhawuke: kaya dhuwit kêton katon pating dlêmok.

--- 3 : 1517 ---

Jaran (ciri):

Kawruh katuranggan, angyêktèkake ciri-cirining jaran, nalika Kanjêng Panêmbahan Senapati Ngalaga Mataram mangun prang, banjur tinulisan kabèh kang ala lan kang bêcik, wus ginawe mêsthi, winarisake ing darah tumêrah ing wuri-wuri, padha kaèstokna aja tinambêl sêmbrana bab ing kuda.

Babone layang iki saka ing Kartasura, kabangun ing panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III ing Surakarta, pambangune nalika taun Jimakir: 1688. Mungguh pratelaning ciri-ciri mau ringkêsane kaya ing ngisor iki:

ôndhamustaka zie ôndhamustaka / anangkurat J.Z. ala. / Arcutura / arjapralaya. / atil. / aswaluhur. / aswajaya. / asthadama J.Z.I. 143. 1. bêcik. / asthawindu id bêcik / asthamanik. / nilakôntha J.Z.I. 143. 1. bêcik. / nambangliring. / rahayu. / rencoh = rencog spr. / rêtnakumala. / rajawahana. / rubuhkarna. / konang anangkurat. / kêndhit kêwêtu. / krêsna malang dewa. / kukuris. / katunggèng taya of. toya zie tunggang taya. / kastaga windu. / kalakawêt. / kalaluwang. / kalajongok. / kalamumbul. / kalamôngsa J.Z.I. 143. 1. ala. / kalabang anglèng id. ala. / kalabang pipitan. / kêmil. / kuthawèsthi. / daramakap. / dara mangun tapa J.Z.I. 143. 1. bêcik. / durganincing. / durgaracun. J.Z.I. 143. 1. ala. / durgadhadhag. / durgangêrik / duduk. / dewa nglayang, J.Z.I. 143. 1. bêcik. / turun tangis id ala. / tirta sigar. / trajumas, J.Z.I. 143. 1. bêcik. / trajumas pandam catur. / tekong. / tulusan tutwak. / tadhah luh, J.Z.I. 143. 1. ala. / tumpêr ingas. / tamamadya. / têmbung basa. / tambang ngarsa, J.Z.I. 143. 1. ala. / tunggang taya, id. zie katunggèng taya of toya. / sanditawang. / sêndhang kalika. / sandhung watang. / sandhang nyawa, J.Z.I. 143. 1. bêcik. / sonyantaka, id ala. / sarapsari. / srimangêpêl. / surung. / surèngkara. / surènggana, J.Z.I.143.1.bêcik. / saka panggung id bêcik. / suku panggung. /

--- 3 : 1518 ---

satriya among bala. / satriya cundhuk kêmbang. / satriya kêpanah J.Z.I.143.1.ala. / satriyawirang. / satriya pinayungan. / satriya manah. / satimang. / susuh wigar. / sapit. / sapiwêran. / sapu wêdhar. / sujèn cacad. / sujèn têrus. / saya paya J.Z.I.143.1.ala. / sampar wacana. / samparwangke. / sahda tawang J.Z.I.143.1.bêcik. / sangkala kalung. / sanglir. / sang jôngga. / sôngga kalung, J.Z.I.143.1.ala. / sônggabuwana, id bêcik. / wutah ati. / wisnumurti. / walang kêncèt. / walang kêtunon. / lintang sarat. / pôncakali. / pancal ngore. / pôncabaya. / pêndhêm upas, J.Z.I.ala. / purnamasiddhi. / pralambinya kala kakum. / pustaka ladhang. / pasopati. / pala katunu, J.Z.I.143.1.ala. / pudhak angrêm. / pujôngga ura-ura J.Z.I.143.1 bêcik / pujôngga bungkêm. / pujôngga ngumbara. / panggung rencog, J.Z.I.143.1.ala. / dhandhang aring- aring, J.Z.I.ala. / dhandhang nunggang jisim. / dhandhang sêsumping. / dhandhang sêsêngkan. / dhandhang suwêng. / dhèndhèng wong. / dhandhang lêksantara, J.Z.I.143.1.bêcik. / dhandhang mangayah. / dhukun mas pikula. / dhukun mangsiguna. / jalak tak purak. / jalak talapura. / jayaparusa. / jayèngrana. / jagasatru. / jagamuksa. / jaga mungsuh, J.Z.I.143.1 bêcik. / mahadewa. / mandhalacala. / macan kêkutha srênggi. / murtisari. / malik monthok. / mega ngêmu wulan. / mathi. / mathi suwung. / gondrèk ngilo, J.Z.I.143.1.ala. / gondangsaya J.Z.I.143.1.ala. / gorok. / gêlap ngampar. / gêdhong minêb. / bau paksa. / bêndana kêtututan. / buntêl mayit. / brahmana lêbu gêni, J.Z.I.143.1.ala. / brancah, J.Z.I.143.1.ala. / badênta ing tawang. / buta gendhong. / bisu inu J.Z.I.143.1.ala. / basuki. / bisu tinukup. / bawanyara.

--- 3 : 1519 ---

bolang. / baya kêpranggul = baya kêpêthuk, J.Z.I.143.1.ala. / bima cawêt. / babayan. / bêngang karsa.

Jaran:

Panglêburing ciri. 1. Yèn jaran putih kanggonan ciri kang ora bêcik, ora prênah pamanggone, sarate: kaobongake kawat salaka, yèn wis mangangah kadumukake ing panggonan unyêng-unyêngan kang nganti malècèt kulite. 2. Yèn jaran abang, sarate: kaobongake kawat têmbaga, yèn wis mêngangah kadumukake ing panggonan unyêng-unyêngan kang ora prênah mau nganti malècèt kulite. 3. Yèn jaran irêng, sarate: kaobongake kawat wêsi, yèn wis mêngangah kadumukake ing panggonan unyêng-unyêngan kang ora prênah mau nganti malècèt kulite. 4. Yèn jaran janjan kuning, sarate: kaobongake kawat mas, yèn wis mêngangah kadumukake ing panggonan unyêng-unyêngan kang ora prênah mau nganti malècèt kulite. 5. Yèn jaran dhawuk, sarate: id. 6. Yèn jaran ciri sonyantaka, sarate: kang ngingu kudu duwe ali-ali intên kang gêdhe sakêmbaran, dianggo ana ing jênthik kiwa têngên. 7. Yèn jaran ciri brahmana lêbu gêni, sarate: ditambani gêrusan walirang bang karo jêruk pêcêl sakulite binakar, kapupuhake ing mata wayah têngange, lan wayah wêngi, iku bisa ilang panase, kang ngingu linulutan ing pawèstri sarta kinawêdèn ing mungsuh.

Jaran (rajah):

Iki cirining jaran rajah sajroning cangkêm dumunung ing ilat, kang ala lan kang bêcik, kaya ta:

Rajah angkus, yèn jaran ilate duwe rajah angkus, iku bêcik, watake kajèn kèringan ing sapadha-padha, kèdhêp parentahe, iki rupane.

Rajah naga utawa cakra, yèn jaran ilate duwe rajah naga utawa cakra iku bêcik, kang duwe sugih arta busana, iki ingaran: gana naga, utawa rajah ilat, lan cakra bumi, iki rupane.

Rajah cakra zie rajah naga.

Rajah randhu, yèn jaran ilate duwe rajah kaya coplokan randhu iku ala, sapa kang ngingu sinêngitan ing sapêpadhane, iki rupane.

Rajah kalabang, yèn jaran ilate duwe rajah kaya kalabang iku ala, kang ngingu kêrêp padu sarta gêringên, laranên, iki rupane.

Rajah têlêng, yèn jaran ilate duwe rajah têlêng = bundêr cilik, iku ala, kang ngingu kêrêp tukaran: dadi bilai, iki rupane.

Rajah patuking kaga, yèn jaran ilate duwe rajah kaya cucuking dhandhang iku ala, watêke panas, gêringan kang ngingu, iki rupane.

Rajah gada, yèn jaran ilate duwe rajah kaya gada: iku bêcik, kang ngingu linulutan ing sapadha-padha, kajèn kèringan kêrêp olèh rêjêki, iki rupane.

Rajah balumbang, yèn jaran ilate ana tulisane aran: talaga kumêmbêng, rupane bundêr kaya balumbang, bêcik watêke, kang ngingu sêrêpan wong wadon, kang ayu rupane, iki rupane.

--- 3 : 1520 ---

Jaran (donga):

Dongane wong nunggang jaran, wirit saka Kangjêng Panêmbahan Senapati Ngalaga ing Mataram. Sadurunge andonga, aja lali ngilo maripating kuda, apa kang ana ing kono yèn wêwayanganing wong kang ngilo katon anjungkir: aja sira bacutake nunggang jaran iku, sayêkti ambilaèni, yèn wêwayangane ganêp: bêcik, yèn wêwayangane kurang saka kaananing awak: ala.

Sapisan, donga yèn lagi arêp nunggang. Angêbuk lapak karo nyêkêl apus, muni: hèh sira bangsaning kewan, mêndhak lêrêp atinira, aja sira amitambuh ingsun kang ana sajroning socanira, sira aja kêkilapan.

Kaping pindho wis ana sadhuwuring jaran. Hèh sira kewan bangsanira, ingsun kang jumênêng anèng manikira, têka dadi lêmês pêpês balung ototira, lenggang-lenggang manut miturut atinira, amunuk gêgêring sapi, camêthiku pangrusak ati muntap, panglêbur buwana haswa, kêndhaliku pamêkak budi, têka dadi jujur atinira, iya ingsun kang umadêg têlêngira.

--- 3 : 1521 ---

Jaran (tuku):

1. Yèn jaran wulu putih tinukua nuju dina Lêgi, ing sasi Sèki Petrong, têgêse: dina Lêgi tanggal sapisan: pêtêngan. 2. Yèn jaran wulu abang, tinukua nuju dina Kliwon, tanggal ping pindho. 3. Yèn jaran wulu irêng tinukua nuju dina Wage, tanggal ping têlu, prawara: arane. 4. Yèn jaran wulu janjan kuning, tinukua nuju dina Pon, tanggal ping pat, bakal andhèwèki. Putih Lêgi tanggal ping 1, Abang KiwonKliwon. tanggal ping 2. Irêng Wage tanggal ping 3. Kuning Pon tanggal ping 4. Dina Paing ora kalêbu ing pamilih.

--- 3 : 1522 ---

Jaran (tômba of jamu):

Ing ngisor iki araning lêlarane, kaya ta: uci-ucinên / otot zie balung letl.b. / ising / awak / ilat / uyuh / ombe / abuh zie kêsliyo letl.c / napas / cacingên / rosa / rampas / rêngkêng-rêngkêng / konthol abuh / konthol kêtêdhun / kêrminên zie cacingên / kêtlangso / kêsliyo / kêlangkèt / kêlangsur / kêlingsir / kadhas-kudhis / kêmlakarên / dên, ngêdên zie uyuh letl.d / donga / turu / tracak / selakarangên / sayah / sangar / sungsum zie balung letl.a / waras / watuk / wêtêng / wulu / lêsu / lêmu / lêmungsirên / pandhokol / palanangan / pilêk / pangan / mata / gantung / gatêlên / gudhigên / balung / badhêdhêg. Têrange kaya ing ngisor iki:

--- 3 : 1523 ---

1. Tambane jaran lara uci-ucinên (uci). Kapaling uci-uci kinumbah karo godhong timaha, kunir kairis-iris kang alus 3 grigèh.

Jae kabakar nganti gosong banjur kagêrus kang lumêr sagrigèh winor kaulêd kang warata banjur kaborèhake ing kapal mau.

2. Otot zie balung (otot).

3. Tambane jaran ora bisa ngising (ising). a. woh pace pinipis 7 iji, klabêt sasendhok, dhèdhès sathithik, cokak sacangkir. winor dadi siji nuli dijamokake. b. brambang mêntah matêng mitung siyung kabakar nganti irêng 14 iji, sêmut gramang kabakar kang akèh, uyah wuku 3 sendhok. Pinipis dadi siji inguntalake. c. lêmpuyang sagrigèh, manis jangan sadriji, uyah wuku sasendhok, pinipis lêmbut kaulêd dadi siji kabanyonan arak, inguntalake.

4. Tambane jaran lara awake (awak). a. Godhong golang-galing kinêla loncom satêkêm, yèn wis adhêm kagosokake ing awake esuk sore. b. Manis jangan sadriji, kalêmbak sawatara, bubukan bata abang sacangkir. Kalêbokake ing dêgan krambil ijo kang kêbak banyune banjur kabênêm ing balubukan nganti matêng, kinarya ngurut awak. c. Jamune nyêgêrake awaking jaran: godhong pule, trasi abang, murmak daging, brambang, uyah, pinipis lêmbut ingulêd dadi siji banjur dèn untalake.

5. Jamune jaran lara ilate kaku (ilat). Pêntil pace kang isih ana kêmbange 10 iji, jêruk pêcêl siji, adas sacangkir.

--- 3 : 1524 ---

Uyah wuku 3 kojong, kadhêplok banjur kaulêd dadi siji banjur diuntalake sabên satêngah dina sapisan.

6. Jamune jaran ora bisa nguyuh (uyuh). a. Sabên dina kaombenan banyu uyah sarta dipakani godhong katela gantung. b. Woh pace 7 iji, klabêt sasendhok ... kapipis lêmbut.

dhèdhès sathithik, cokak sacangkir, kaulêd dadi siji dijamokake.

c. Adas 3 sendhok, pulasari sasendhok, kapipis lêmbut banjur kalêbokake ing dêgan krambil ijo kang kêbak banyune, katutup rapêt banjur dibênêm, yèn wis antara matêng kaubêg kang warata, yèn wis adhêm kaombèkake.

d. Nguyuh ngêdên. Godhong injên-injênan 3 têkêm, uyah wuku sakojong, pinipis lêmbut kinarya tapêl sabên dina nganti sawarase.

e. Nguyuh gêtih. Godhe pare bèlungan satêkêm, bawang 7 bungkul, kêncur kabakar 3 grigèh, asêm irêng sawatara, uyah wuku sasendhok, podhi sari murmak daging sawatara, pinipis lêmbut kajamokake sabên têlung dina sapisan.

7. Jamune jaran ora doyan ngombe (ombe). a. brambang 70 iji, adas sacangkir, kayu lêgi 3 ros, asêm kawak sacangkir, gula arèn satangkêb, kapipis lêmbut banjur diwori lênga wijèn sacangkir, kakècèk banjur dijamokake.

--- 3 : 1525 ---

b. Isi pala siji, gula arèn satêngah lirang, uyah sacêkothokan, godhong sêmbung kapusus 3 lêmbar, ginawe buntêl jamu iku banjur kauntalake, sabên sasasi sapisan. c. Sabên dina kaombenan banyu uyah, dipakani godhong katela gantung. d. Ragi tape kagêrus 100 iji, walirang kabubuk rêga suwang, êndhog pitik 6 iji, uyah wuku 3 kojong, kaulêd dadi siji kajamokake sabên satêngah sasi sapisan. e. Jambe kuncup kabakar nganti irêng siji, trasi abang 3 iris, uyah wuku sasendhok, kapipis lêmbut kabanyonan wêrak arèn, banjur dijamokake, sabên sasi sapisan.

8. Tambane jaran yèn napase ngangsur (napas). Tajin satuwung, laos kapipis lêmbut kapathi, pathine dilêbokake ing tajin mau, kaubêg kang warata, kawayokake sawêngi, esuke kajamokake, sabên sapuluh dina sapisan, nganti sawarase.

9. Tambane jaran lara cacingên of krêminên (cacing). Cêplik pring apus satêkêm, walirang: bobot sareyal, prusi saklungsu, uyah wuku sakojong, pinipis lêmbut kajamokake sapasar sapisan.

--- 3 : 1526 ---

10. Jamune jaran supaya rosa (rosa). a. Godhong lêgundhi satêkêm. babakan têgêrang satêbah, uyah wuku 3 kojong, didhêplok kang nganti lêmbut banjur dijamokake. b. Kêtan putih 1/2 kati, krambil ijo 1, kang tuwa sinantên kinarya anggodhog kêtan mau, gajih iwak pitik 1, winor dadi siji kauntalake, sabên sasasi sapisan. c. Bako enak saêndhog, gula arèn sabithi, trasi abang saêmplèk, uyah 7 wuku. Kadhêplok banjur kaulêd kang warata winoran puhan sapi brênggala mêntah sacangkir, kauntalake sabên sasi sapisan. d. Wulu mênjangan 3 lêr. mrica 3 iji, kanggo isarat sajrone ginawa lêlungan ingurutake sikile awèt karosane.

--- 3 : 1527 ---

11. Jamune jaran kang durung rampas (rampas). jae 3 iris, kayu lêgi 4 driji, uyah wuku sakojong, pinipis lêmbut banjur kajamokake sabên sasasi sapisan.

12. Jamune jaran lara rêngkêng-rêngkêng (rêngkêng). Bawang abang pinipis lêmbut sacangkir, banjur kaulêt karo lênga cabe sasendhok, kagosokake pindho sadina.

13. Tambane jaran konthole abuh (konthol). a. Kulit manggis diwênyêt lêmbut 7 iji, kêmukus dibubuk lêmbut sacangkir cilik, mrica dibubuk lêmbut sacangkir cilik, uyah wuku 3 kojong, banjur kaulêd dadi siji kinarya parêm, sadina mung sapisan. b. Bubukan bata abang kaulêd karo cokak, banjur pinopokake.

Kêtêdhun. c. Lôndha kêtan irêng satuwung, bubukan bata abang sacangkir gêdhe, uyah wuku kagêrus lêmbut 3 kojong, banjur kaulêd dadi siji, kawêdhakake sabên esuk sore: ora kêna towong.

14. Jamune jaran kêtlangso ora mangan (kêtlangso). bligo nom kadhêplok lêmbut 1, uyah wuku winor kadhêplok sapatute, banjur dijamokake sapasar sapisan, yèn wis katon pulih: sapuluh dina sapisan, mangkono sabanjure.

--- 3 : 1528 ---

15. Tambane jaran lara sikile (kêsliyo). a. lung turi 3 punggêl, bêras abang sagêgêm, kapipis lêmbut ginawe parêm, esuk sore. b. bawang 3 bungkul, bêngle 3 grigèh, kapulaga 7 jodho, pinipis lêmbut winoran lênga kêcacil (kusambi) kaborèhake kang warata. c. jae 3 grigèh, (kabakar nganti gosong banjur kagêrus lêmbut), manis jangan kagêpuk mawur 3 iji, winor ingulêd dadi siji kabanyonan lêgèn arèn, kinarya parêm. d. Bêras abang 1/2 kati, (ginawe cêngkaruk winoran bawang putih 7 bungkul), sunthi 7 grigèh, oyod godhong apa-apa 7 lêr, godhong apa-apa 7 lêmbar, pinipis lêmbut ginawe wêdhak.

16. Jamune jaran kêlangkèt (kêlangkèt), godhong jalumampang kabumbonan bothok 3 punggêl, trasi abang 3 iris, kadhêplok kang lêmbut banjur dilolohake, sabên sapuluh dina sapisan.

--- 3 : 1529 ---

17. Jamune jaran kêlangsur (kêlangsur), godhong widuri 2 lêmbar, gula arèn salirang, bêras abang kaglêpung satuwung, mrica kapipis lêmbut sakojong, kaulêd banjur dilolohake sabên sapasar sapisan.

18. Jamune jaran kêlingsir amrih enggal lêmu (kêlingsir), gêrèh pèthèk pinindhang 7 iji, uyahe 3 kojong, kaombèkake sabên sapuluh dina sapisan.

19. Jamune jaran lara kadhas kudhis (kadhas kudhis), cêcak 5 iji, pinatenan banjur binuntêl ing sukêt linolohake, sabên sapasar sapisan nganti samarine

20. Jamune jaran kêmlakarên (kêmlakarên), suruh têmu rose 7 lêmbar, uyah wuku sasendhok, pinipis lêmbut banjur katapêlake ing wêtêng kang warata.

21. Jamune jaran kagèt (kagèt). Godhong widuri kaulêd banjur dijujokake.

22. Jamune jaran doyan turu (turu). Gajih iwak sapi sairis, jae 7 iris, manis jangan 3 driji, gula arèn sawatara, sawise pinipis banjur ingulêd sarta banjur kauntalake, sabên sasasi sapisan.

23. Tambane tracak jaran pêcah (tracak). a. Êndi kang pêcah kakumbaha ing banyu tawa kang rêsik, banjur kaongotan kang alus, sarta katatah kang warata, panggonan kang pêcah kasogoka ing wêsi bang, (wêsi binakar nganti mrêngangah), ing tracak tapake wêsi bang kalêbonana prusi gêrusan alus, banjur katutup ing malam putih winoran kapuk.

Jamune. b. Prusi saklungsu, tape utawa sêga kinarya ambuntêl sakêpêl, inguntalake aja kongsi ambyar. Sabên pitung dina sapisan, sabên anjamoni prusine kaundhakan [kaundhaka...]

--- 3 : 1530 ---

[...n] saka sathithik nganti bot satail. c. Yèn tracak mau isih katon pêcah, tilasing wêsi bang ing jaba utawa ing jêro kausapana: gêrusan walirang, winoran dhêplokan wohing kolang-kaling: ingulêd karo banyu, banyune kasiramake ing tracak jaba jêro, sadina ping pindho, lawase sasasi, iku bisa enggal dawa. d. Yèn wis sasasi tracake katon dawa, kakumbaha kang rêsik, banjur katataha kang nganti ilang pêcahe, nanging yèn karasa lara: kaundurana, tumuli kakumbaha ing banyu kolang-kaling, supaya enggal dawa manèh, banjur kapopoka ing ênjêt asêm, supaya wulêd, sabên sadina sawêngi kakumbah sarta banjur kapopol manèh, yèn kalakon ping têlu utawa ping pat, banjur kablonyoha ing lênga latung utawa jarak, mawa woworan gêrusan prusi, ing jaba utawa ing jêroning tracak.

e. Tracak cèpèr supaya dadi kuwung. Kunir asêm kapipis, kabumbonan pêcaking iwak loh banjur kaêpès: ginarang, banjur kapopokake ing tracak jaba jêro kang warata, yèn wis, tracaking jaran kaidakake ing bata bakaran kang isih panas, sabên dina sapisan, tracak iku bakal bisa dadi kuwung, kaya dèn êlus: dadi malih bagus.

f. Tracak supaya wulêd. Blêndok kayu rasamala bot 3 reyal, Jong rahap bot 3 reyal. Ingulêd dadi siji kinarya borèh, sabên dina.

24. Jamune jaran amrih tutut (tutut). a. Kajujua ing godhong andong abang, b. Kajujua ing godhong wuluh

25. Tambane jaran lara selakarangên (selakarang). a. Awu jangkang sacangkir, Cubung lan kêlabêt kapipis dadi sacangkir, tawas sasendh. Winor dadi siji banjur digosokake ing selakarang. b. Godhong pari 7 punggêl, jintên sasendhok, kapipis lêmbut banjur digosokake ing selakarang. c. Kulit jêruk pêcêl 7 iji, bawang abang 7 bungkul, godhong nampu 7 lêmbar, kapipis lêmbut banjur digosokake ing selakarang

--- 3 : 1531 ---

d. Godhong dhadhap, oyod sidaguri, oyod kangkung, oyod godhong pulutan, Pinipis lêmbut, banyune dêgan krambil ijo, nganggo uyah sathithik, diombèkake ing wayah bêdhug awan, jarane diarêpake mangulon.

--- 3 : 1532 ---

26. Jamune jaran sayah mêntas ginawa lêlungan adoh (sayah). a. Êmpol dêgan krambil ijo bot sasuku, walirang bang bot sadhuwit, galu gapèng bot sadhuwit, pinipis lêmbut kajamokake sabên pasarKliwon. sapisan, ora dilèrèni yèn awake durung katon sêgêr, b. Bumbu parêm, kaya ta:

Bêras satêngah kati, kêncur 17 grigèh, kunir 5 grigèh, asêm kawak 3 kêpêl

êndhog pitik 7 iji, manis jangan 3 driji, brambang bakaran 11 bungkul, uyah wuku sacangkir, kabèh pinipis lêmbut, êndhoge kinarya ngulêd banjur kajamokake, sabên sapuluh dina sapisan.

c. Bêras samangkok, uyah wuku samangkok, manis jangan 3 driji, brambang 3 gèdhèng, walirang bot 3 suku, kunir 15 grigèh, asêm kawak saêndhog. Kabèh kapipis lêmbut banjur kaulêd dadi siji, kajamokake sabên sapuluh dina sapisan.

27. Jamune jaran waras (waras). Walirang sathithik kapipis lêmbut winoran katul. Kajujuhake sarana sukêt, bisa gawe bêciking awak, kajuju sabên dina.

28. Jamune jaran lara watuk (watuk). a. oyod sunthi pinipis lêmbut 7 grigèh, uyah wuku 3 sendhok, kajamokake sabên dina ora kêna towong. b. kapulaga 3 sendhok, cêngkèh sasendhok, pucuk sarosing dariji

--- 3 : 1533 t/m 1 ---

mênyan madu bot satêngah reyal, madu sawatara. Kabèh pinipis lêmbut banjur ingulêd karo madu mau, dijamokake sabên dina. c. kapulaga 3 sendhok, cêngkèh sasendhok, pucuk saêros dariji, mênyan madu bot satêngah reyal, madu sawatara. Kabèh pinipis lêmbut, banjur ingulêd karo madu mau, dijamokake sabên dina. d. kapulaga 3 sendhok, kêncur bakaran 7 grigèh, trasi abang 3 iris, asêm kawak saêndhog, adas 3 sendhok, jêruk pêcêl siji, uyah wuku 3 sendhok. Kabèh pinipis lêmbut banjur dijamokake sabên dina.

29. jamune jaran supaya gêdhe wêtênge (wêtêng). a. pathining talasih satuwung, pathining godhong sembukan satuwung, pathining lêmpuyang sacangkir, podhi sari murmak daging sarta brambang sawatara, glêpung bêras satuwung, uyah wuku sakojong. Banjur kajênang dadi siji, yèn wis matêng sarta wis adhêm, kajamokake sabên sasasi sapisan. b. woh dalima sawit 2 iji, uyah wuku 3 kojong. Kadhêplok lêmbut banjur kajamokake, sabên sasasi sapisan. c. pondhohing pandhan ri 7 iji, uyah wuku 7 kojong, tempe bosok 7 buntêl. Kadhêplok lêmbut banjur kajamokake sabên sasasi sapisan. Dilanjutkan pada hal. 1557.

--- 3 : 1535 ---

...

--- 3 : 1536 ---

Jaran (kayu):

zie P.B.III. wayang klithik.

Jaran (pala kapêndhêm):

zie uwi.

Jaran (padhalangan):

zie udawa.

Jaran guyang (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jaran guyang luk 7 pejetan banjur nganggo thingil.

Jarak:

Ing ngisor iki araning jarak sawatara, kaya ta: cina, kêcil, kêpyar, kêbo, slamêt, brama Ontj.II 53 art 23.

Jarak cina iku wohe kêna ginawe lênga, sarta kêna ginawe urus-urus, diwori wedang panas, nanging ora kêna ginawe anggêgorèng, utawa nglêngani mêmala, kayadene lênga kacacil zie wit.

Jêruk:

Ing ngisor iki araning jêruk sawatara, kaya ta: adas, ranjam, kranjang, krangeyan, katès, kuwik, kêprok, kêdhu, kingkit, lètèr, lawe, pacitan, pêcêl, purut, pokak, macan, glundhung of gulung, butun, bali. J.Z.I.277-6 v.o.

34.Nomor 34 ini kelanjutan dari nomor 33 pada hal. 1557. Jamune jaran supaya bisa lêmu (lêmu). a. Godhong turi satêkêm, uyah wuku 3 kojong, kapipis lêmbut banjur kauntalake, sabên sapuluh dina sapisan. b. Lêmpuyang bang 10 grigèh, gula têbu 7 tangkêp, trasi abang 3 iris, uyah wuku 3 kojong. Kadhêplok lêmbut banjur kauntalake, sabên sasasi sapisan. c. Pathining godhong wuni satuwung, pathining kunir sacangkir, pathining laos sacangkir, santên krambil ijo 2 tuwung, kayu lêgi 3 driji, asêm kawak sawatara, kêmiri 11 iji, Kapipis lêmbut ingulêd winor dadi siji banjur dijamokake, sasasi sapisan. d. lêri bacin satuwung, dringo sacêngkang, pala parudan siji. Kapipis lêmbut banjur kajamokake. e. pathining tlasih satuwung, pathining sèmbukan satuwung, pathining lêmpuyang sacangkir, podhi sari murmak daging sarta brambang sawatara, glêpung bêras satuwung, uyah wuku sakojong. Winor dadi siji kajênang banjur kajamokake. f. woh dalima sawit 2 iji, uyah wuku 2 kojong, Kadhêplok lêmbut banjur kajamokake sabên sasasi sapisan. g. pondhohing pandhan ri 7 iji, uyah wuku 7 kojong, tempe bosok 7 buntêl. Kadhêplok lêmbut banjur kajamokake, sabên sasi sapisan. h. sêga wadhang saraup, trasi abang, bakaran gêrèh gatêl. Cinarub banjur pinakakake i. pace pitu, trasi abang, jae, majakan, pucuk, uyah rong kojong. Pinipis lêmbut banjur dèn untalake.

--- 3 : 1537 t/m 1 ---

35. yèn ngurut lambe jaran ètêl (lambe) a. pathining sukêt lulungan sawatara, jêruk tênglan sawatara, jêruk pêcêl sawatara, lênga wijèn sawatara, uyah wuku sawatara. Kakècèk banjur kaurutake ing lambe sabên dina. b. yèn ngurut lambe jaran abot: cabe bakaran nganti gosong sawatara, brambang sawatara, asêm sawatara. Pinipis lêmbut banjur dikècèk ing lênga klêntik kang isih mangêt-mangêt, kaurutake lambe sabên dina. c. yèn ngurut lambe jaran kang nêdhas: 1. lênga klêntik winoran bakaran brambang lan jaroting asêm, kawênyêt kaurutake ing lambe sabên esuk sore, ora kêna towong. 2. pala kabakar nganti gosong brambang lan asêm pinipis lêmbut, kauworan lênga klêntik, kaurutake ing lambe sabên esuk sore ora kêna towong, 3. majakan kaulêd karo madu, kaurutake ing lambe sabên esuk sore, ora kêna towong, 4. sela kambang diasab ing watu irêng, lêmbutane: kausapake ing lambe kang nêdhas mau.

36. tambane jaran lara lêmungsirên (lêmungsir). Woh pace nom 3 iji, asêm kawak sabithi, brambang abang 15 bungkul. Kapipis lêmbut banjur kakècèk karo lênga klêntik, yèn jaran wis dikêrok sarta disikat rêsik, banjur kaurut ing tômba mau esuk sore ora kêna towong.

37. Jamune jaran lara mandhokol ing awak saurute (pandhokol). Godhong landêp 7 punggêl, jintên irêng sasendhok, uyah wuku sakojong. Pinipis lêmbut banjur kauntalake, sapasar sapisan nganti sawarase

--- 3 : 1539 ---

38. Tambane jaran palanangane abuh (palanangan). a. godhong widuri 3 têkêm, uyah wuku sakojong, lênga wijèn sacangkir ... kapipis lêmbut. Kaulêd dadi siji kinarya parêm. b. mur bot satail, kakècèk karo lênga klêntik kausapake ing panggonan kang abuh. c. kawêdhakan wêrak warsi.

39. Jamune jaran lara pilêg (pilêg). a. ragi tape kaparud 6 iji, uyah wuku sagêgêm, ingulêd dadi siji kabanyonan wedang panas, kadadèkake satuwung banjur kajamokake sapasar sapisan. b. juruh gula arèn sacangkir: sacangkir, kecap rong cangkir, pêrêsan gula pêcêl sacangkir. Winor kaubêg kang warata banjur kajamokake, sabên sapasar sapisan, sadurunge kajamonan ora kêna ngombe banyu dhisik.

40. Jamune jaran ora doyan mangan (pangan). a. ati jae 7 grigèh, jintên irêng sasendhok, madu sacangkir ... kabênêm banjur pinipis. Kaulêd dadi siji banjur dijamokake, sabên sasi sapisan. b. pêntil pace kang isih ana kêmbange 10 iji, jêruk pêcêl siji, adas sacangkir, uyah wuku 3 kojong. Banjur dikècèk karo lênga klêntik, diuntalake sabên sasasi sapisan. c. sabên dina diombèni banyu uyah sarta dipakani godhong katela gantung. d. ragi tape kagêrus 100 iji, walirang kabubuk rêga suwang, êndhog pitik 6 iji. uyah wuku 3 kojong. Kaulêd dadi siji banjur diuntalake, sabên satêngah sasi sapisan.

--- 3 : 1540 t/m 1 ---

e. godhong turi satêkêm, latak wêdêlan sakêmiri, uyah wuku pangaji 6 dhuwit. Kapipis lêmbut banjur kajamokake. f. jambe kang isih kuncup kabakar kang nganti pêrêng siji, trasi abang sairis. uyah wuku sasendhok. Kapipis lêmbut kabanyonan wêrak arèn, banjur kajamokake, sabên sasi sapisan.

41. Jaran jirèh (jirèh). Kajamonan godhong sumba.

42. Tambane jaran lara abuh matane (mata). a. dhukut lêpat, sawanging pawon, uyah sawuku ... kapipis lêmbut banjur kapupuhake ing mata: esuk sore. b. lara matane kêna ing camêthi: uyah wuku kaêjur ing banyu banjur kasêmburake ing mata: esuk sore. c. kêbanjur lara matane dening kêna camêthi mau.

jae, trasi abang, uyah wuku ... sawatara pinipis lêmbut nganggo banyu uyah wukunyawuku. sathithik, banjur kapupuhake sabên dina nganti samarine.

43. Tambane jaran lara gantunge (gantung). Ganggêng sacêkothokan, ênjêt saklungsu, uyah wuku sasendhok. Winor dadi siji binorèhake ing sikile, esuk sore.

44. Tômba utawa jamune jaran gatêlên, tandhane yèn gatêlên:

Kêrêp kosod (gatêl): landhaning mêrang kêtan irêng ginawe angguyang sabên Rêbo Sêtu, yèn wis: banjur dikêrok kang rêsik, nganggo banyu wênyêdan bako enak, tumuli dijamoni:

Prusi kagêrus lêmbut 16 klungsu, tape kêtan sawungkus. Kaulêd kang warata banjur dibuntêl ing sêga kakêpêl kauntalake, sabên sapuluh dina sapisan.

--- 3 : 1551 ---

45. Tambane jaran gudhigên (gudhig). a. sunthi pinipis lêmbut 7 grigèh, lênga klêntik sacangkir. Ingulêd winoran sêrênge jêruk pêcêl, banjur kausapake ing gudhig ping pindho sadina. b. babakan wit pêlêm dodol kapipis lêmbut 7 driji, lênga klêntik sarta lênga tir sacangkir. Ingulêd dadi siji ditambakake ing panggonan gudhig, sasasi sapisan.

46. Tambane jaran lara balung sungsume (balung). a. bawang putih 25 siyung, maripating sunthi 25 iji, maripating kêncur 25 iji, uyah wuku sakojong. Pinipis lêmbut banjur kaborèhake ing ngêndi kang karasa lara, sabên esuk sore aja kongsi towong. b. jamune jaran lara balung otote: 1. rêmpêlu kêbo satêbah, kaulêd karo uyah wuku banjur kalolohake, tinungka kaombenan wêrak arèn sacangkir. Yèn ora waras: 2. rêmpêlu sapi satêbah kaulêd karo martega nganggo uyah wuku sathithik banjur dilolohake, tinungka kaombenan badhèg sacangkir, sabên sapasar sapisan nganti sawarase.

47. Jamune jaran lara wêtênge ambadhêdhêg (badhêdhêg). a. irunging jaran kakukusan mêranging pari, saturahe kaobong kauworan walirang ginawe ngukusi ana sangarêping gêdhogane. b. suruh têmu rose 7 lêmbar, uyah wuku sasendhok. Pinipis kang lêmbut banjur katapêlake ing wêtêng kang warata.

48. Tambane jaran babak gêgêre (babak). Dhukut jarêm, lampês irêng, lênga wijèn ... pinipis kang lêmbut Ingulêd kinarya borèh.

--- 3 : 1552 ---

Jaran (tunggang):

Kawruh katuranggan, agême Kangjêng Panêmbahan Senapati Ngalaga ing Mataram, nalika mangun prang sajroning tanah Jawa kaya kang kasêbut ing layang Babad Mataram, sakèhing jaran kang nêmahi sangsara utawa kang tinêmu slamêt, sajroning paprangan mau wus kapriksanan piyambak kalayan yakin, marmane winarisake ing darah tumêrah ing wuri-wuri, padha dèn èstokna aja tinambêl sêmbrana babing kuda.

Iki petungane yèn arêp nunggang jaran ginawe lêlungan, utawa mangkat prang isarat panggugahe atining jaran, darapon manut miturut marang kang nunggangi dening wus anunggal karsa, sirna bêndanane ana ing saba paran:

a. anut lakuning dina pêpitu, kaya ta: Jumungah: sarat angusapi êndhasing jaran.

Sêtu: sarat angusapi dhêngkuling jaran, têkan ing tracak. Ngahad: sarat angusapi sadhuwure dhêngkuling jaran nganti têkan ing pancadan. Sênèn: sarat angusapi saburine kupinging jaran, têkan ing jalak. Slasa: sarat angusapi dhadhaning jaran. Rêbo: sarat angusapi jalaking jaran, nganti têkan ing janggêl, dalah pamatraping lapak. Kêmis: sarat angusapi êndhas, mata lan kupinging jaran.

b. Anut lakuning dina lêlima (pasaran) nganggo karujukake lan wuluning jaran tuwin sangate, kaya ta: Kliwon = môncawarna, nunggang jaran dhawuk, numpak sangat Yusup. Lêgi = pêthakan, nunggang jaran putih, numpak sangat Ahmad. Paing = abritan, nunggang jaran abang, numpak sangat Jabarail. Pon = jênean, nunggang jaran janjan kuning, numpak sangat Ngijrail. Wage = cêmêngan, nunggang jaran irêng, numpak sangat Ibrahim.§ Sirikane dina Lêgi.

c. Carik agung tibane ana ing wuku papat, sinirik masalahing babing kuda, anuju dina Rêbo, poma aja lali ora kêna nunggang jaran ing dina Rêbo mau ing sajrone wuku iku, iya iku wuku: Kurantil, Galungan, Mrakèh ... dina Rêbo.

d. Samparwangke tibane ana ing wuku lêlima, sinirik masalahe babing kuda anuju dina Sênèn, poma aja lali ora kêna nunggang jaran ing dina Sênèn mau ing sajrone wuku iku, iya iku wuku: Sinta, Warigalit, Langkir, Tambir, Bala ... dina Sênèn.

--- 3 : 1553 ---

Jaran (srandu):

Jaran iku duwe ragangan kayadene manungsa tuwin kêthèk, balunge sikil ngarêp tumèmplèk dadi siji kayadene dhêngkul, mulane iya diarani: dhêngkul, yèn manungsa balunge èpèk-èpèk ana lima, ananging jaran mung siji, drijining jaran iya mung siji sarta kang pucuk kabuntêl ing tracak, mulane diarani: kewan kang atracak siji = kuku, mungguhing manungsa, balunging dlamakan padha karo balunging èpèk-èpèk mung siji, lan gandhèng karo driji sikil, ing pucuk kabuntêl ing tracak, untuning jaran kayadene untuning manungsa = 32, kaya ta: bam 5 sisih, siyung 2, lan untu ngarêp 4, lumahing bam ana cringih-cringihe lancip, ananging baming manungsa: ora, ing dhuwur mênthol bundêr sarta lumahe gilap. Kuliting jaran ana wulune, warnane beda-beda, kaya ta: abang, irêng, putih, janjan kuning, bopong, plumpung, jragêm, dhawuk, plôngka, kêmbang durèn lan liya- liyane.

Jaran iku kalêbu kewan omahan, ananging ing tanah Asiyah têngah ana kêkumpulaning jaran pirang-pirang dadi siji ora karuwan kang ngingu, dadi jaran alasan, ora gampang cinêkêl ing manungsa.

Panganing jaran: sukêt, utawa gêgodhongan, yèn diingu ing manungsa: dipakani gabah, dhêdhak, gêdhang utawa liya-liyane.

Jaran iku kalêbu perangane kewan anusoni, anake aran: bêlo, lakune: anjojog, nyongklang, utawa ambandhang, yèn diingu ing manungsa lakune diêrèh, bisa nyirig, mêdhar, pandhapan, adheyan lan liya- liyane.

Jaran ora mung dadi tungganganing manungsa, kêna ginawe panariking kareta bèndi, utawa dadi jaran momotan, kang bêcik sarta bantêr kêna ginawe lêlangên balapan, rêganing jaran momotan bisa olèh f 15, ananging jaran tunggangan ana kang nganti rêga f 1000 munggah, dene kang larang dhewe jaran balapan nganti ana kang rêga f 3000 rupiyah.

Jaran tanah Jawa kang bêcik wêton Kêdhu lan wêton Kuningan, wêton Kêdhu gêdhe-gêdhe, wêton Kuningan cilik-cilik, ananging wis akèh kêjogan jaran saka tanah sabrang, kaya ta: wêton Makasar, Bima, Sandêlhut, verk. v. Sundêl laut, jaran Sidni lan liya-liyane.

Daginging jaran kêna pinangan ing manungsa, nanging ora pati mirasa, tinimbang lan daginging kêbo sapi. Kulit lan wuluning jaran kanggo pirantining manungsa, zie. S.D.1834.blz. 209.

--- 3 : 1554 ---

Jaran (pêthèk):

Bab pêthèking jaran amèk waton saka pada wadanane kang turut, cithak mangisor tutug ing tracak, mung pinèt kang bêcik kaya ing ngisor iki:

1. Untu kang mêtu saka ing pucuk. 2. Êndhas kang nêruti sarta kang turut. 3. Ilat kang cilik sarta kang gilig. 4. Cithak kang nyêkathakan kaya pipisan gêrang. 5. Kuping kang ambalung katon, rupane kaya godhong pring ngadêg pinancas. 6. Wulu kang lêmês anglamat. 7. Mata kang nincing goling. 8. Gulu kang dawa angukêl pakis, utawa kaya guluning mêrak kasimpir (= ngigêl).

--- 3 : 1555 ---

Jaran:

Jaran iku khewan kang bêcik dhewe, pinunjul ing rupa lan tênagane, kêna ditunggangi ing manungsa, rinèh sakarêpe marang kang bisa nunggang, kaya ta:

a. Lumaku barès. anggêjlèg. ngayam-ayam. b. Jojog. ngawal = drap. adheyan. pêndhapan. c. Congklang. ambandhang. nyongklang. mêdhar, utawi mêdhar nyampar (kaworan adheyan). nyirig. nyirig, nyigar rada. nyirig bintulu.

Playuning jaran rikat bangêt, mulane sok ginawe balapan, bisa anjilma, yèn diundang jênênge: mara, lan kêna ginawe panariking kareta bèndi sapêpadhane, para agung ora ana kang nyêpèkake,nyêpèlèkake. kagêm titihan utawa rakitan, rêgane jaran kang ala kanggo momotan bisa olèh 15 rupiyah, nanging jaran bêcik sing kagêm titihan, [ti...]

--- 3 : 1556 ---

[...tihan,] utawa sing kanggo balapan, sok ora bisa olèh 2000 rupiyah, jaran tanah Jawa cilik-cilik, kang bêcik dhewe wêton Kêdhusiwur sarta wêton Kuningan, jaran saka ing sabrang lumrah ingaran, kore sundêl laut, sabu, sumbawa lan liya-liyane, gêdhe dhuwure padha lan jaran wêton tanah Jawa, jaran wêton tanah Jawa dhuwure matang kaki kurang luwih sathithik, wong Jawa ngarani bagus-bagus, ana manèh jaran saka sabrang, wêton Pèrsi, Sidni lan liya-liyane, iku dhuwur-dhuwur, wong Jawa ngarani wagu sarta mung kanggo rakitan tuwin balapan, jaran iku pakanane sukêt, yèn sukête dicacah winoran dhêdhak aran: dikombor, iya uga sok dipakani pari, titihan dalêm sok dipakani bubur, yèn ditêtutut dipakani gêdhang, kulite ora susah dibuwang, iya doyan.

Ala bêciking jaran iku mungguhing wong Jawa saka unyêng-unyêngan kang luwih saka ing kodrate, manggon ora prênah iku diarani: ala, kang manggon prênah diarani: bêcik, yèn tinêmu ala sanadyan bêcik lambe atine sarta kapenak tunggangane wong gêdhe ora karsa ngagêm. Mung bôngsa sabrang akèh kang ora mraduli marang ciri-ciri mau, anggêre bêcik lambe atine lan kapenak tunggangane iya inganggêp bêcik, lan sanadyan tinêmuning ciri bêcik yèn lambe atine ala sarta tunggangane ora kapenak, iya ingaran ala.

Anadene rupa lan warnane wuluning jaran kaya ing ngisor iki: abang, abang nom, abang tuwa ... suri buntute irêng. / abang walaka, suri buntute abang. / abang kaworan irêng, jragêm. / Jragêm tuwa aran: siwalan, dhadha lan lakange abang, awake irêng sêmu abang. / Irêng mulus sêmu gilap. / Irêng wêlu aran: lêmah têlês. / Irêng sêmu putih tanpa dalèr aran: biru. / Irêng sêmu putih nganggo dalèr aran: janjan biru. / Nanging yèn birune sathithik, putihe akèh aran: mangsi banyu. / Putih mulus (dalasan matane putih) yèn matane irêng mung aran: putih bae. / Plôngka: putih nganggo bêlang sadhengah wuluning jaran aran: plôngka, mung yèn bêlange karo ulês dhawuk aran: megantara.

Pancal:

sadhengah ulêsing jaran yèn sikile nganggo putih watês ugêl-ugêl aran: pancal.

--- 3 : 1557 ---

Pancal 1 sikil buri kiwa têngên padha bae aran: samparwangke. Pancal 1 sikil ngarêp kiwa têngên padha bae aran: dumuk ringgit. Pancal 2 sikil ngarêp utawa buri padha bae mung aran: pancal. Pancal 3 aran: gubug rencog. Pancal 4 aran: pancal panggung, yèn buntute putih aran: pandhawa lima.

Kuning.

Plumpung, iku kuning nom sêmu putih, suri lan buntute irêng. / Kêmbang durèn, idem, nanging suri lan buntute putih. / Bopong, kuning wêlu. / Kêmbang janti, bopong plêtuk irêng. / Napas, kuning kaworan abang, suri abang. / Napas madu, iku napas tuwa. / Janjan kuning, kuning nganggo dalèr.

Jaran (tômba of jamu):Entri: jaran (tômba of jamu) ini kelanjutan dari hal. 1533 t/m 1534.

d. Tambane jaran lara wêtênge: bêngle 7 iris. sunthi 7 iris. oyod kelor sajênthik. Kabèh pinipis lêmbut kinarya tapêl.

30. Wulu pinurih dawane dhisik banjur bodhol, thukule dadi cêndhak sarta pandhês (wulu). a. Lungsungan ula jangan katugêl dadi têlu, kang sabagian ditugêl-tugêl dadi têlung puluh banjur kabuntêl ing sukêt kadokokan mrica siji: kauntalake. Dene lungsungan kang rong bagian ora kanggo. b. Jamune jaran amrih ambodholake wulune kang ala.

Ragi tape kagêrus 100 iji. walirang kabubuk rêga suwang. êndhok pitik 6 iji. uyah wuku 3 kojong. Kaulêd dadi siji diuntalake, sabên satêngah sasi sapisan.

31. Jamune ngudhunake wadhuking jaran (wadhuk). Kêtan gajih satanggapan, ingêkum wêrak sawêngi, esuke dijujokake.

32. Yèn ngarah aju undure lakuning jaran (laku). Dèn jujua roning andong abang.

33. Tambane jaran lêsu awake (lêsu). a. Asêm kawak sakêpêl. kunir sagrigèh. laos pinipis pinèt pathine sawatara. uyah wuku sasendhok. Katambakake ing irung, sapasar sapisan. b. Wijèn 3 sendhok. laos 1 iris. Kapipis lêmbut banjur ? katambakake of kajamokake, sapasar sapisan. c. Bawang putih saêndhasing jago. laos 3 kêpêl. bêngle 3 kêpêl. uyah wuku sakojong. Pinipis lêmbut banjur kaulêd dadi siji, kabanyonan: wêrak arèn sacukupe, kinarya borèh sadina ping pindho. d. Jambe kuncup kabakar nganti pêrêng 1, trasi abang sairis. uyah wuku sasendhok. Pinipis lêmbut banjur kaulêd dadi siji, kabanyonan: wêrak arèn sacukupe, dijamokake sabên sasi sapisan.

--- 3 : 1558 ---

Jarak cina:

of jarak kêpyar. Jarak cina thukul ing dhadhah utawa ing pomahan ginawe pagêr, jarak kêpyar tinandur ing patêgalan, karo pisan kêna ginawe lênga.

Jarak yèn wis katon tuwa diundhuhi banjur kaêpe nganti sagaringe kinlecepan, didhêplok ing lumpang watu, kapêrês mêtu lêngane, sawênèh kinlêntik mêtu lêngane akèh bêcik diklêntik, tinimbang karo kapêrês, lênga jarak kêna ginawe damar nanging ginawe anggorèng angêndêmi. Lan lênga jarak cina kêna ginawe gêmuk kareta, lênga jarak kêpyar kêna ginawe lêngan dicampur karo lênga klêntik, paidahe rambut ora bisa marucud, dening plikêting lênga.

Tlutuh jarak kêna ginawe tambane wong kêtaton, pampêt padha sanalika.

--- 3 : 1559 ---

Jêruk Kw.:

limo, jêram

Jêruk Pacitan, yèn wis 4 taun: awoh, wiwit pêntil nganti tuwa lawase 7 sasi, rasane kang enak: lêgi, kang ora: kêcut, utawa anyêp. Jêruk Pacitan kang bêcik tinandur ing tanah pagunungan, sarta kêna kacangkok. Jêruk gulung, yèn wis 4 taun: awoh, wiwit pêntil nganti tuwa lawase 7 sasi, rasane kang enak: lêgi, kang ora: kêcut. Jêruk gulung kêna cinangkok, malah wijining wohe yèn didhêdhêr sok malih, ora kaya cangkokan, mêsthi kaya babone.

Jêruk:

wangsalan Tjent. dêdalaning bayi, olèh dening turuk.

Jêruk saajar:

wangsalan Tjent. saranging mangsi = sêrak.

Juru kunci:

zie abdi dalêm juru kunci.

Juru kithing:

zie Nataningrat.

Juru kithing:

panêmbahan ... zie K.G.no.23.en zie wali no 36- 40.

Jarodah (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jarodah luk 9 nganggo kêmbang kacang, sogokan, lambe siji.

Juru dadaha:

' = padang.

Jurudêmung (têmbang têngahan):

a - u - u - a - u - a - u. // 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8 - 8.

Vorb. // Tarawas ing patalunan / sumôntra jroning manêkung / salamine gustiningsun / ngong pêpuji rahayua / terong alit anaruntum / kalesa kang tinuruhan / sun anti luntur sihipun // R.Ng. R.W.

Jurudêmung:

têgêse: tukang gêndhing, anggitane kêthèk Anoman zie J.K.1900 no. 63.

--- 3 : 1560 ---

Jarit:

yèn kanggo ing wong lanang aran: bêbêd, yèn kanggo ing wong wadon aran: tapih, ukuraning dawane têlu kèpèt = 2 1/4 utawa têlu sigar = 2 1/2 kacu, yèn kanggo sabuk jaba: 2 3/4 kacu, yèn kanggo sabuk wala 3 utawa 3 1/4 kacu.

Jurit, prajurit Kw:

danuja, dibya, dibyanung, sura, surangkara, suranggakara, sudibya, sudibyanung, suwira, wara, wira, wirarodra, warayodha, widagda, partiwa, prawara, prawira, yoda.

Arane abdi dalêm prajurit ing jaman kuna, kaya ta: udan-udanan, nirwikara, nirwèsthi, nirpringga, nirmala, nirbraja, nirbaya, nrangpringga, nrangbaya, carangan, kanoman, dorapati, tanuastra, talangpati, tamtama, sarasêja, saragêni, singanagara, sangkragnyana, wisamartan, panyutra, prawirèng, priyantaka, jayèngastra, jagapura, jagapraja, maudara, mandhung, martalulut, mijipinilih, brajanala.

Jarit lêmês:

Ing ngisor iki araning jarit lêmês sawatara, kang bakal sutra mawa êmas, utawa mung sutra bae, kaya ta: udan êmas, uyah sawuku, cindhe warna- warna (cakar, kêmbang, pathola, jonggrong, awarna ijo, abang, kuning, wungu, biru enz.), ragibali, kêling, dringin, solok, limar, limar katangi, polos, plangi, puspa lembong, gunung guntur, gêdhog, bulus angrêm, bajul ngosèk, baya mangap, baya ngangsar.

Juru taman:

zie abdi dalêm kapatihan letl. v.

Juru suranata:

zie upacara letl. f. klasa, kêpêt en têsbèh.

Juru silêm:

zie abdi dalêm pambêlah.

Jirap:

of jarapah, iku dumunung ana ing tanah Aprikah, mangan gêgodhongan, uta utawa. trubusan kang ênom-ênom.

--- 3 : 1561 ---

Jarapah:

zie jirap.

Jaruman (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jaruman luk 9 nganggo sogokan sarta sraweyan zie panimbal (2).

Jurumartani:

zie Môndaraka.

Jraga:

zie abdi dalêm jraga.

Jurug:

zie Sela no 14.

Juragan:

zie srandu kêbo sapi.

Juragan laut:

zie abdi dalêm juragan laut.

Juragan dharat:

zie abdi dalêm juragan dharat.

Jaring:

Wisaya iwak kali ingaran jaring, ambane 7 kaki. dawane 200 kaki. tampange lêmpung dibakar 400 kaki. timbule kayu dhadhap 100 kaki. cucuke kayu jati 2 iji. srampade walulang 1. sênthênge tamparan duk, olèh ngisor dhuwuring jaring 2 iji. kalare tamparan duk 1 iji. dawaning kalar 20 iji.

Patrape wong anjaring padha nunggang prau tembo, ora kurang wong têlu, kang siji mudhun marang dharatan manggon ana sapinggiring kali nyêkêli kalar, sijine nglakokake prau, sijine manèh kang nyêkêl sarta ngulur jaring, yèn poncoting jaring wis dicêmplungake ing banyu, praune banjur dilakokake ngalang ilining banyu kali, jaring kaulur, yèn wis puput utawa tutug pinggiring kali sisihe, kang nyêkêl kalar banjur

--- 3 : 1562 ---

ngidaki srampad, prau diilirake ngancas marang wong kang nyêkêli kalar, yèn wis têkan pinggir, kang nunggang prau padha mudhun, cucuking jaring katancêbake ing lêmah, praune dicancang, wong loro banjur padha nyêkêli timbul sarta tampang, panyêkêle tangan kiwa têngên, jaring dilêmpit mujur karo diurut, kang nyêkêl kalar nancêbake cucuking jaring, kalar kasèlèhake, banjur mèlu nyêkêli timbul utawa tampanging jaring, patrape kaya kancane loro mau, yèn olèh iwak, ora bisa mêncolot, jaring banjur digawa marang prau, kang wis kalakon olèh-olèhane iwak, tagèh, jambal, utawa wagal.

Jaring kidang:

Jaring kidang iku kang digawe duk tamparan, dene patrape anjaring kidang: kudu waspada marang alas utawa ara-ara kang kinira ana kidange, yèn wis têtela ana, jaring iku banjur dipasang kaya kêlir, kiwa têngên dicêkêli utawa mung dipathoki bae, yèn pamasange jaring ana kidul, wetan kulon dijaga ing wong, sarta anggawa bêdhil lan pênthung, kang saka lor ana wong papat padha laku anggiring karo nabuh kênthongan utawa liyane kang bisa nyuwara sora, nganggo surak utawa rame-rame, iku ingaran: anggosok, [anggo...]

--- 3 : 1563 ---

[...sok,] yèn ing kono ana kidange amêsthi lumayu mangidul, awit iku kang towang, ora wurung kidang iku nêrak jaring, sarta sikile ngarêp karo pisan mêsthi kalêbu ing jaring, iku banjur dibêdhil utawa dipênthungi nganti mati. Mulane mêngkono: awit kidang iku ora kêna dicêkêl urip: wani marang wong.

Karangane Mas Ngabèi Rêksapraja, panèwu wisamarta kaparak têngên

Jêring:

zie wit (jengkol).

Jurang Kw.:

ambaka, nadindra, rênak, rênêk, rèjèng, trêjung, trêbis, sukèn, sigrong, lêmbah, lêmbaya, jèrèng, gahan, gahana, gahyara, gatan, gatana.

Jaka:

zie KurapatiKurupati. en Lêsmana.

Jakaria:

pangulu ... zie P.N.no.45.

Jakat:

zie sadat (3).

Jakatuwa (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jakatuwa bênêr, awak tilamupih, sogokan cêndhak.

a. Jakatuwa iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing pulo Borneo, Sèlèbês sarta Malaka. b. Jakatuwa Iskandar, nêtês sarta dumunung ing tanah Pèrsi sarta Turki Asiyah. c. Jakatuwa klawu id. d. Jakatuwa putih, id. e. Jakatuwa nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih lor, pasabane slulup ing sêgara anjêndhêl, ngupaya mêmangsane iwak.

Jaka Tingkir:

R. = Karèbèt M. en = Sultan Adi Awijaya ing Pajang, zie Awijaya en P.N. no. 31.

--- 3 : 1564 ---

Jaksa:

Wiwite ana jaksa saka karsane Rêsi Mahadewabudha (Bathara Guru) ing Mêndhangkamulan, nalika taun 147 P.R.I.104-3 v.o.

Jaksa:

wadana kaliwon ...

Mataram

1. Kyai Juruwirapraba sumare ing Kuncèn (Ngayogya), 2. Kyai Jurukithing, sumare Gambiran (Kuthagêdhe), 3. Kyai Sutamarta sumare Taji (Prambanan), 4. Ngabèi Sarawadi sumare Nitikan (Kuthagêdhe), 5. Ngabèi Pandam, sumare Kêrta (Plèrèt), 6. Radèn Riya Dêmang Urawan, sumare Drana (Kartasura), 7. Ngabèi Pranantaka, sumare Nitikan (Kuthagêdhe), 8. Radèn Dêmang Urawan, sumare Kuncèn (Dilanggu)

Surakarta

9. Kyai Gambuh, sumare Kêdhung Gudèl, 10. Ngabèi Natayuda, Ngabèi Sêcayuda ... sumare Gunung Wijil (Kartasura), 11. Radèn Tumênggung Amongpraja I, sumare Jasêm verk v. Majaasêm (Kla),Klathèn. 12. Radèn Tumênggung Amongpraja II, sumare, 13. Radèn Ngabèi Jayaindra, sumare Tinawas (Surakarta), Radèn Ngabèi Jagapraja, sumare Gathak (Kartasura), 14. Radèn Tumênggung Amongpraja III, sumare Jasêm (Klathèn), 15. Radèn Tumênggung Amongpraja IV, sumare Pêngging (Bayalali)., 16. Radèn Tumênggung Wirayuda W., 17. Radèn Tumênggung Amongpraja (Kandhuruwan) sumare Pajang (Kar),Kartasura (dan di tempat lain). Radèn Ngabèi Yudadipraja, sumare Pajang (Kar)., 18. Radèn Tumênggung Kartanagara, sumare Ngêndho (Kartasura)., 19. Radèn Tumênggung Jaksanagara (Rajaniti) sumare Gêndhan. Radèn Ngabèi Mangunpradata.

--- 3 : 1565 ---

20. Radèn Ngabèi Mangupradata, kalorod dados Kaliwon Pan. Radèn Ngabèi Yasapradata 21. Radèn Tumênggung Jaksanagara, sumare Kaliyasa. Radèn Ngabèi Yasapradata, kapènsiun, kagêntosan. Radèn Ngabèi Sasrapradata (1838). 22. Radèn Tumênggung Jaksanagara (Sasrapradata) taun 1911.

Jaksanagara:

' = mantri sapuluh, anggarap prakara bumi desa ana ing Balemangu (= Balearja) kapatihan, nganggo wêwaton anggêr sapuluh, mulane sinêbut ing aran: mantri sapuluh, kagawa saka ing anggêr sapuluh.

Jaksapradata:

anggarap prakara parapadu, kadurjanan, lan panêrak, ana ing pradata, mulane aran: Jaksapradata, kagawa saka araning paseban, nganggo wêwaton nawala pradata, anggêr gêdhe, anggêr arubiru, sarta undhang-undhang tuwin pranatan.

Jaksa:

zie abdi dalêm kadipatèn anom letl.f.

Jaksa:

zie abdi dalêm kapatihan letl.i.

Jaksa:

zie abdi dalêm jaksa.

Jaksanagara:

tumênggung ... zie P.N.no.16.51 en 52.

Jakawuru (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jakawuru luk 11 banjur pejetan banjur, ri pandhan.

Jakalêntho:

zie gend.

Jakalola:

zie gend.

Jakalola (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jakalola bênêr, mung ujung gunung.

Jakabolot:

zie pari

Jati:

zie wit.

Jati:

zie jatos, jatya.

Jêta:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII.

Jatinom:

zie abdi dalêm Kalathèn letl.d.

Jatikondhang:

zie gend.

Jatikusuma:

zie Img. no.138.

Jatisari:

Desa Jatisari sasurupane Ngabèi Rêksapraja abdi dalêm panèwu wisamarta kaparak têngên, kalêbu kabudidayan ing Triyagan (Sragèn), dadi gadhuhane Ngabèi Purwadiwirya mantri gêdhe kang 1/8 jung sarta dadi gadhuhane Ngabèi Jagadimêja mantri ngarêp kang 1/8 jung, nanging apa iya iku kang kanggo ajang nalika patêmon ing Pajatisari.

Sasurupane Ngabèi Jagapustaka mantri ngarêp, desa Jatisari iku sacêdhaking Prambanan (Klathèn).

Jatingarang:

zie naga jatingarang en zie sasi (3)

Jawa:

Jabadioe (deoe = nagara), Jabadwipa (dwipa = nagara Indhu), Je pha verk v, Jabadioe Chenes. Pulo Jawa saka têmbung juwawut verk v Jawa awut, Pustakaraja.

J = dj, Jan = djan e. Karangane tuwan Veth

Jiwa:

panêmbahan ... zie wali no. 38

Juwèh (padhalangan):

Anane pajêg pajuwehan, wiwit dhalang Anjangmas kaabdèkake Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ing Mataram, kapangkat dêmang, sarupaning dhalang wayang purwa, gêdhog, krucil, golèk, bèbèr, topèng tuwin talèdhèk padha kêna pajêg ingaran: pajuwehan.

Jawata:

Nalika pandhita sanga saka pulo Maldewa angajawa, sinêbut: jawata sêsanga, sinangkalan: trus barakaning janma (109) mulane jawata dadi watak sanga.

Juwawut:

Juwawut iku ditandur ana ing patêgalan, panandure

--- 3 : 1566 ---

ing môngsa labuh kapat, yèn wis satus dina kêna kaundhuh, pangupakarane kaya pari, digaringake dhisik banjur disosoh, wusana banjur diolah dadi bangsaning panganan, mawa adu gula lan krambil.

Juwangi:

zie abdi dalêm Bayalali letl.f.

Jala:

1. Jala krakat. Ambane 80 kaki, dawane 90 kaki, tampange 1200 iji, bobote 140 kati. Patrape wong kang ngrakat padha nunggang prau tembo panjalan ajajar-jajar, kang nglakokake prau wong loro, kang ngrakat wong sapuluh, padha nyêkêli talining tambang kaulur ngarah jumèrènging krakat, yèn wis rampung: wonge salong anggêbyur marang kali nylulupi ngêmèk-êmèk dhasar sajroning krakat, yèn tangane karasa anggêpok iwak, banjur dijupuk sarana miyak tampang.

2. Jala krakat pegon. ambane 120 kaki, dawane 60 kaki.

--- 3 : 1567 ---

tampange 800 iji, bobote 70 kati. Patrape id. jala krakat, sarèhning jala krakat pegon cilik, tinimbang jala krakat, wonge kang nyêkêl krakat cukup nênêm.

3. Jala kotèk. Ambane 10 kaki, dawane 5 1/2 kaki, tampange timah 68 iji, bobote 6 kati. Patrape wong kang anjala ana sapinggiring kali: yèn banyu gêdhe, utawa nyabrang ana satêngahing kali: yèn banyu cilik, tangane kang têngên nyêkêli tambang, tambang mono pucuking jala: nganggo tampar dawa, ditalèkake ing ugêl-ugêl têngên têngah-têngahing jala banjur diwiru ing tangan kiwa saka ing jaba, kang saparo dicanthèlake ing sikut têngên, kang saparo diwiru manèh saka ing jêro, tangane malumah, jala kang saparapatan dicêkêl ing tangan têngên saka jaban jala karangkêp karo panyêkêling tampang mau, yèn ana panggonan kang kinira ana iwake, jala ditibakake, pambuwanging jala maju rada manêngên, pênêre panggonan mau, iku tibaning jala mêgar ngurungi iwak, pangêntase andudut talining jala sing diubêd-ubêdake [diubêd-u...]

--- 3 : 1568 ---

[...bêdake] ing ugêl-ugêl mau, iku dadi jalarane katut, uwaling jala saka ing lêmah utawa ing banyu amêsthi mingkup, awit kagondhelan ing tampange kang ana ngisor. Dene tampang iku pêrlune ginawe ambandhuli têpining jala, supaya jala iku sabên dibyukake bisa silêm, sarta yèn diêntas bisa mingkup, iwak ora bisa mêtu saka sajroning jala, olèh-olèhane iwak rupa-rupa sarta gêdhe cilik.

4. Jala kêpyak (jala cilik). Ambane 8 kaki, dawane 4 kaki, tampange 40 iji, bobote 4 kati. Patrape id jala kotèk

5. Jala têmbiring. Ambane 60 kaki, dawane 30 kaki, tampange 400 iji, bobote 38 kati.

Patrap-patrape kaya jala kotèk, mung kacèk kang nandukake nunggang prau panjalan (tembo dhara) mancik ana ing canthik prau, sikile kiwa ana ngarêp, sikile têngên ana buri, kang nglakokake prau: dhewe, kang anjala ora

--- 3 : 1569 ---

mèlu, ngêmungake anjala bae.

Jalèn:

zie srandu kêris.

Jalanidhi:

zie banyu.

Jlarang Kw.:

cinggara, dahrika, dyarara, singgara, wriha.

Jalak:

zie srandu katuranggan

Jalak a, jalak b, jalak c ... nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah têngahan.

Juluk:

zie kambil karajan no.1.

Juluk:

zie srandu kêbo sapi.

Juluk:

zie srandu katuranggan.

--- 3 : 1570 -- -

Jalak andinding:

Kêris dhapur jalak andinding: bênêr, nganggo pejetan sarta tikêl alis, tuwin nganggo kêmbang kacang yasane Sri Maharaja Balya (= Sang Hyang Siwah) nalika jumênêng nata ana ing Mêndhangsiwanda (Madiun), kang ingandikakake gawe Êmpu Isakadi, sinangkalan: rasaning janma kêkalih (216).

Jalak takpurak:

Ciri jalak takpurak, suri jaran ora bisa dawa, watêke ala, kang ngingu nêmu sangsara.

Jalak talapura:

Ciri jalak talapura, suri jaran cupêt ora bisa dawa, watêke ala, kang ngingu nêmu bilai.

Jalak tilamsari:

Kêris dhapur jalak tilamsari: bênêr, nganggo gusèn kakruwing sarta thingil.

Jalak sangu tumpêng:

1. Kêris dhapur jalak sangu tumpêng: bênêr, nganggo sogokan loro, gônja ing buri nganggo ri pandhan siji. 2. Kêris dhapur sumêlang gandring: bênêr, nganggo paniwèn, gônja ing buri tanpa grènèng. 3. Kêris dhapur mangkurat, luk têlu, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo jenggot, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng. 4. Kêris dhapur mangkunagara, luk têlulas, nganggo sogokan têlu, kang têngah: tutug ing pucuk pisan, ing ngarêp nganggo kêmbang cangkring iya kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, nganggo jenggot, ing buri nganggo grènèng. 5. Kêris warna papat ing dhuwur mau yasane Prabu Brawijaya kapisan, ing Majapait, kang ingandikakake gawe Êmpu Ônggarêsa ing desa Tapan, tanah Pajajaran, sinangkalan: uninga barakan dahanèng jagad (1303).

Jalak wulung:

Kêris dhapur jalak wulung: bênêr, nganggo gusèn, ada-ada, pejetan banjur thingil.

--- 3 : 1571 - --

Pa:Entri: pa seharusnya masuk kelompok pa pada hlm. 1250.

neuskl (têgês). b. dadi têmbung kriya: panjarwa, pamajêg, pamagêr, pambantu, pangopèn ... = olèhe anjarwani enz. c. dadi têmbung kaanan: pantêlung, pantiyung, pangkêrêt, pangkirig, pangkarag voor mensch pangkorog, voor dier, pangkêlang.

Pa:

neuskl (dwi lingga). Dwi lingganing kriya wacaka, mung nganggo atêr-atêr: pa, siji, sarta ing buri olèh lingga walaka, kaya ta:

pangarah-arah, panyuwil-cuwil, pangrajang-rajang, panguya-kuya ... sapanunggalane zie ha neuskl.

Pa neuskl an:

Atêr-atêr: pa neuskl an, ingaran: karana wacaka mêtu saka rimbaging tanduk kaya ing ngisor iki:

panandhon, bumi of kampung ...

pandhêdhêran, ipukan ...

panjênêngan§ Têmbung: panjênêngan, kalêbu ing rimbaging têmbung awak, nanging kalêbu ing gêlêngan rimbag karana wacaka zie lingga awak I en II.

pambêrêgan, asu ...

pangalasan, wong ...

panggandan, ngèlmu ...

Têgêse karana wacaka = daya wacaka, zie pa - an (têgês).

Pa neuskl an (têgês):

Têgêse karana wacaka = pa neuskl an, kaya ta:

a. Dadi têmbung aran.

panasaran, juru ...

panêmbahan

panutan, nabi ...

pangantèn

pangaretan of panyukuran, lading ...

Jalak ngore:

1. Kêris dhapur jalak ngore: bênêr, tanpa kêmbang kacang, nganggo pejetan, gônja ing buri nganggo grènèng. 2. Kêris dhapur crita kalenthang: luk pitulas, nganggo pejetan, nganggo tikêl alis, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng. Kêris warna loro mau yasane Sri Pamêkas, ing Pajajaran, kang ingandikakake gawe Êmpu Anjani, sinangkalan: Brahmana papat manêmbah Jawata (1248).

Jaladara:

zie mega.

Jaladara:

zie mega.

Jaladara:

zie Baladewa.

Jlapa:

zie abdi dalêm pangrêmbe VII.

Jalopèng:

patih arya ... zie P.N.no.V.

Jalma:

verk. v. ajal en suksma, têgêse: asal saka suksma zie janma D.K. 1835 no. 52.

Jlamprang:

zie gend. en wangsalan Tjent. Jabung payudan = prang.

Jalaga:

I. en II. zie gend.

Jlagra:

(= tukang umpak watu, zie abdi dalêm Jlagra.

Jaligêr:

wangsalan Tjent. sawi dhadhah = pagêr.

Jêgong:

zie Petruk en Durginadur Jendral.

Jiling:

zie srandu kêbo sapi en zie katuranggan.

--- 3 : 1572 ---

Pi:Entri: pi seharusnya masuk kelompok pi di depan.

pianjur, piangkuh, piyambak, têgêse kaya ing ngisor iki: a. dadi têmbung aran: pianjuring laku, pituwaning gawe, pitayane tuwan Dhom, piandele sapa?, pilangkahe sandhangan sapangadêg, pilungguhe patang reyal, pikalahe karo bêlah, pikukuh, piagêm, pisaca of pisaci. b. dadi têmbung kriya: pitakon, pitutur of pisanjang K., piwadul, pilalah, pilampu. c. dadi têmbung kaanan: piutang, piala, pirukun, pikantuk K. van pikêna Kw, pidana, pidosa, pituhu, pituna, pilara, pilala, pijêrah = petung, piadu = piala, piguna

Pi - an:

Atêr-atêr: pi, olèh panambang an = pi - an, iya ingaran: lingga andhahan, kang wis tinêmu mung ana sawatara, iya iku têmbung: pitakonan, piyambakan, piandêlan

Julung:

zie P.R.I.196. Ing ngisor iki bocah kang tumiba ing julung gadhungan dadi pangane Bathara Kala, kaya ta:

Ontang-anting, bocah tanpa kadang sarta wis ora duwe bapa biyung. / Ugêr-ugêr lawang, sadulur loro padha lanang. / Krêsna, bocah irêng mulus. / Kadhana kadhini, sadulur loro padhalanang. wadon, / Kêmbar, bayi lair barêng sadina, lanang padha lanang utawa wadon padha wadon. / Kêmbang sapasang, sadulur loro padha wadon. / Tawang gantungan, bayi lair mêtu kêmbar, nanging sarênti dinane. / Tiba ungkêr, bayi lair kagubêd ing usus, utawa laranên. / Tiba sampir, bayi lair kalung usus. / Sêndhang kapit pancuran, sadulur têlu lanang loro wadon siji. / Sarimpi, sadulur papat wadon kabèh. / Sarômba, sadulur papat lanang kabèh. / Sakrêndha, bayi lair mêtu loro, utawa têlu tunggal sabungkus: barêng sadina. / Siwah, wong salewah. / Wahana, bayi lair ambarêngi karamean. / Walika, wong bajang. / Wujil, wong cebol. / Wungkus, bayi lair bungkus / Wungkul (wungkuk cilik mula, bayi lair tanpa ari-ari) / Wungle, wong bule. /

--- 3 : 1573 ---

Pancuran kapit sêndhang, sadulur têlu wadon loro lanang siji. / Pancala putra, sadulur lima lanang kabèh. / Pancala putri, sadulur lima wadon kabèh. / Padangan, sadulur lima lanang papat, wadon siji. / Pipilan, sadulur lima wadon papat, lanang siji. / Dhampit, bayi lair barêng sadina mêtu lanang wadon. / Dhêngkak, wong bucu ngarêp. / Julung caplok, bocah lair ngarêpake suruping srengenge. / Julung sarab, lair ngarêpake surupasuruping. srêngenge. / Julung sungsang, bayi lair wayah têngange. / Julung wangi, bayi lair nuju palêthèking srêngenge. / Julung lumarab, bayi lair nuju suruping srêngenge. / Julung pujud, bayi lair nuju suruping srêngenge, sawênèh mêtu wayah srêngenge gumlewang. / Jêmpina, bayi lair 7-8 sasi. / Margana, bayi lair ana ing saba paran. / Gondhang kasih, bayi mêtu kêmbar, kang siji bule, sijine irêng mulus. / Butun, wong bucu ing buri.

Jlêngut:

en Jlêngut grudha zie bathikan

Julungwangi:

zie wuku

Julungpujud:

zie wuku

Jèpèn:

Jèpèn iku ditandur ana ing patêgalan, panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis patang sasi kêna diundhuh, pangupakarane kayadene pari, digaringake dhisik banjur disosoh wusana diolah dadi bangsaning panganan, mawa adu gula utawa krambil.

--- 3 : 1574 ---

Jujutan (padhalangan):

Wiwite wayang purwa kajujut, saka karsane Prabu Suryamisesa ing Jênggala zie kasatriyan.

Jojog (katuranggan):

Yèn arêp ngarah jojoging jaran zie laku letl.b.

Jajanggan:

zie pandhita (9).

Jayahendra:

jaksa wakil radèn ngabèi ... zie P.N.no.49.

Jayaningrat:

Radèn adipati ... zie patih no.21 en P.N.no.45 en 46.

Jayaningrat:

Radèn mas arya zie gêdhong kiwa.

Jayaningrat:

Radèn ayu ... zie Img. no.108.

Jayaningrat:

Radèn ayu ... zie Img. no.121.

Jayandaru:

zie dhatu (6).

Jayanagara:

Radèn tumênggung ... zie Kretj. no.4.

Jayarêsmi:

zie bathikan.

Jayakirana:

zie bathikan.

Jayakusuma:

zie bathikan.

Jayakusuma:

zie Img. no.32.

Jayakusuma:

zie Img. no.131.

Jayakusuma:

zie Img. no. 143.

Jayadiningrat:

Radèn ayu zie Img. no. 135.

--- 3 : 1575 ---

Jayatanantaka:

prajurit jaba. mayor 1, kaptin 1, irstê litnan 1, twèdhê litnan 1, twèdhê litnan 1, polêntèr 1, sarsan mayor 1, sarsan pulir 3, sarsan platun 5, kopral 7, trêbis 9, poliyêr 1, saradhadhu 89., ajudan ondêr opsir 1, mètêr 1, panambur 3, sinal 3, kaum 1. gunggung130.

zie abdi dalêm prajurit letl. f.

--- 3 : 1576 ---

Jayatatana:

' = Blambangan, prajurit jaba. mayor 1, kaptin 1, irstê litnan 1, twèdhê litnan 1, twèdhê litnan 1, sarsan mayor 1, sarsan platun 4, sarsan pulir 1, kopral 8, dhêpo 3, trêbis 8, saradhadhu 76, ajudan ondêr upsir 1, mètêr 1, panambur 2, panylomprèt -, sinal 2, gunggung 114112.

--- 3 : 1577 ---

Jayasura:

' = Rajêgwêsi, prajurit jaba.

mayor 1, kaptin 1, irstê litnan 1, twèdhê litnan 1, twèdhê litnan 1, polêntèr 1, sarsan mayor 1, sarsan platun 5, sarsan pulir 1, kopral 10, trêbis 10, saradhadhu 74, ajidan ondêr upsir 1, mètêr 1, panambur 3, sinal 3, kaum 2, gunggung 117

zie abdi dalêm prajurit letl.g

Jayasambodra:

radèn mayor zie Kretj. no.3.

Jayasêngara:

patih ... = Rajakunthara zie P.N.no.7.

Jayawidagda:

zie P.B.VIII.

Jayalêngkara:

prabu ... = Kandhiawan zie P.N.no.7.

Jayaprana:

1. Tumênggung Pujôngga ... zie P.N.no.34 en 35. 2. Pangeran = Sunan Adilangu zie K.G.no.2

Jayapurusa:jayaparusa.

Ciri jayaparusa unyêng-unyêngan jaran: kèhe papat anaDilanjutkan pada hal. 1579.

--- 3 : 1578 ---

Jaja:

1 Tj.B. titip 2 kw. urup dhadha

Jêjê:

niet

Jiji:

Tj.B. wadi

Juju:

Tj. B. loloh

Jeje:

niet

Jojo:

niet.

--- 3 : 1579 ---

ing ikut, iku luwih bêcik, dadi têtumbaling prajurit, sarta dadi têtulaking palagan, yèn suwita: sinihan ing bandara.

Jayabaya:

zie wayang purwa

Jayèngastra:

Abdi dalêm prajurit Jayèngastra kèhe 125, kalêbu mayor upsir tambur sulinge, gêgamane bêdhil, pajagane ana ing pungkuran, prajurite pramèswari dalêm, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.IV, têgêse Jayèngastra: mênang karo panah zie J.Z.I.

--- 3 : 1580 ---

Jayèngastra:

' = jayengan, prajurit jêro. mayor 1, kaptin 1, irstê litnan 1, twèdhê litnan 1, twèdhê litnan 1, twèdhê litnan 1, wahmistêr 6, bragêdhir 12, trêbis 12, saradhadhu 95., polêntèr 1, poliyêr 1, ajudan ondêr upsir 1, panambur 2, panyuling 2, kaum 2, gunggung 141140.

zie abdi dalêm prajurit letl.c.

Jayèngrana:

Ciri jayèngrana, unyêng-unyêngan jaran tutug pucuking kuping, iku bêcik bangêt, nyantosakake ati, nawêkalake budi.

Jayèngkatong:

Kang yasa gamêlan Kyai Jayèngkatong Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.IV zie wayang letl.c.

Jayengan:

zie jayèngastra.

Jam:

jam gêdhe kaunggahake marang sadhuwuring kori Brajanala nalika taun 1742 (P.B.IV.). Sajam 60 mênut, samênut 60 skon.

--- 3 : 1580a ---

Jaman:

108. taun, sawindu. / 100 taun, sasatursasakur. / 1.000 taun, sayoga. / 10.000 taun, sakala. / 100.000 taun, sakali.

Wijange kaya ing ngisor iki: Araning windu sapuluh: Dwara 10 taun, Sambawa 10 taun, Sakara 10 taun, Sambada 10 taun, Kawanda 10 taun, Wahana 10 taun, Murka 10 taun, Wakya 10 taun, Byatara 10 taun, Seta 10 taun. Gunggung 100 taun.

Araning sakur papat: Adi 100 taun, Kunthara 100 taun, Sangara 100 taun, Sancaya 100 taun. Gunggung 400 taun.

Ganêpe 500 taun bali mênyang windu Adi manèh sapiturute têka petungan 1000 taun.

Araning yoga papat: Tirta 1000 taun, Katta 1000 taun

--- 3 : 1581 ---

Brata 1000 taun, Dwapara 1000 taun Gunggung 4000 taun.

Ganêpe 5000 taun, bali marang sakur Adi manèh sapiturute têkan petungan 10.000 taun.

Araning kala nêm: Karti 1000 taun, Tata 1000 taun, Pranila 1000 taun, Praniti 1000 taun, Manggada 1000 taun, Manggala 1000 taun. Gunggung 6000 taun.

Ganêpe 7000 taun, bali marang kala karti manèh sapiturute têkan petungan 10.000 taun.

Araning kali têlu: Swara 100.000 taun, Yuga 100.000 taun, Sangara 100.000 taun. Gunggung 300.000 taun.

Ganêpe 400.000 taun, bali marang kali swara manèh enz. zie S.D.1905.327-2.

--- 3 : 1582 ---

1 t/m 100 jaman Kukila. 101 t/m 200 jaman Buda. 201 t/m 300 jaman Brawa. 301 t/m 400 jaman Tirta. 401 t/m 500 jaman Rêbara. 501 t/m 600 jaman Rêbawa. 601 t/m 700 jaman Purwa. 701 t/m 800 jaman Wahya. 801 t/m 900 jaman Kartayoga. 901 t/m 1000 jaman Dya. 1001 t/m 1100 jaman Têka. 1101 t/m 1200 jaman Andêrpati. 1201 t/m 1300 jaman Kalawisesa. 1301 t/m 1400 jaman Kalawisaya. 1401 t/m 1500 jaman Kalajôngga. 1501 t/m 1600 jaman Kalasêkti. 1601 t/m 1700 jaman Kuthila. 1701 t/m 1800 jaman Warta. 1801 t/m 1900 jaman Kuthara. 1901 t/m 2000 jaman Drata. 2001 t/m 2100 jaman Sangara. Ganêpe petunging jaman tinêmu 21 jaman, dene jamaning karaton ora mêsthi sabên 100 taun salin, ana cêndhak ana dawa, manut tinêmuning jamane dhewe-dhewe, kaya ta: Karaton Pajang, beda lan [la...]

--- 3 : 1583 ---

[...n] Karaton Mataram, mangkono sapanunggalane.

Jaman:

Ing ngisor iki araning jaman sawiji-wiji, kaya ta: 1. Kukila (manuk) wong isih kaya manuk. 2. Buda, nganggo agama Buda, sarengate Bathara Guru. 3. Roga, utawa Budawaka, nganggo agama Buda, sarengate Bathara Endra, nagarane ing Mêndhangkamulan, ingêlih aran ing Purwacarita. 4. Rêbawa (urang) sasirnaning banjir: ing pulo Jawa akèh sêndhang pancuran tuwin umbul, kang jumênêng nata Prabu Basurata ing Wiratha. 5. Rêbawa (= sabawa of rame) kang jumênêng nata Prabu BasukèsthaBasukèsthi. ing Wiratha. 6. Purwa, wiwite têdhak Brama jumênêng ratu ajêjuluk Prabu Palasara, ing Gajahoya, iya ing Ngastina. 7. Pôncakorala, pônca = lima, korala = korawa, jamane Pandhawa lan Korawa. 8. Kêrta, nganggo agama Pakukuhan, sarengate Bathara

--- 3 : 1584 ---

Wisnu, nanging isih Buda, kang jumênêng nata Prabu Jayabaya ing Kadhiri. 9. Dupara (mokal), kaya ta: Ratu Baka ing Prambanan sabên dina mangan wong. 10. Madya, umure tanah Jawa lagi satêngah, kang jumênêng nata Ajisaka, ajêjuluk Prabu Widayaka ing Mêndhangkamulan. 11. Têtêka, kang jumênêng nata Prabu Tejaningrat ing Majapait kuna, ngadêgake sayêmbara putrine, akèh para raja padha têka. 12. Andêrpati Kalawisesa, andêrpati (= matèkake raga), kalawisesa (= wiwitan susah), (wêkasan bungah), iya iku jumênênge ratu Radèn Kudalaleyan ing Pajajaran. 13. Srikala rajapati dewa raja, srikala = ratu jumênêng sajroning kasusahan, iya iku Radèn Sêsuruh, rajapati (= ratu jinunjung padha ratu), iya iku Radèn Ayamwuruk, dewa raja (= ratu binathara) iya iku Prabu Brawijaya wêkasan ing Majapait. 14. Kalawisaya adiyati, kalawisaya (= jumênêng ratu olèhe ngrêbut) iya iku jumênênge ratu Radèn Patah, adiyati (= mranata) iya iku jumênênge Pangeran Giri Parapèn, mung mranata agama. 15. Kalajôngga (ratu bodho) iya iku jumênênge Sultan Pajang, ora karsa nênêlukake. 16. Kalasêkti (ratu prawira) iya iku jumênênge Panêmbahan [Pa...]

--- 3 : 1585 ---

[...nêmbahan] Senapati Ngalaga ing Mataram. 17. Kali sêngara (= kali banjir) utawa (= papa dadi mulya) iya iku jumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mrt. Sondhangrowang ing Kartasura. 18. Kuthi (= kêthèk) jaman nagara Surakarta, wong dhêmên rêrêbutan kaya kêthèk. Letl kunde de Holl. 21-2 v.o.

Jamur:

Araning jamur kang muni ing layang Dw.I.333-4 v.o.

Jamur-jamur: kang jinêmur / kinarya ande pangimur / upas brama: jamur dipa / kabaratan: nrucuk tiba / mring Magêlang lan Cêpaka / ngêlot janma: mimpês-mimpês samya / polo gajih mêtu karna //

Jumêrut:

zie sotya.

Jimat:

1. Prabu Nyakrawati ing Mataram, yasa Janaka wônda jimat (1552). 2. Prabu Mangkurat ing Kartasura, yasa Janaka wônda jimat (1620). 3. P.B.IV. letl.a. yasa Janaka wônda jimat (1714). 4. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pr. Mangk. R. karsa yasa gamêlan slendro pelog, kaparingan aran: Kyai Jimat, sinangkalan: tan myarsa obahing nagaraSengkalan: tan myarsa obahing nagara (1620 A.J., 1696/97 A.D.). 1620. 5. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom II. ing Surakarta (= P.B.IV), karsa yasa gamêlan, kaparingan aran: Kyai Jimat, nalika taun 1701 zie M.N.II ing Surakarta. 6. Kalênengan Kyai Jimat, zie gamêlan karaton letl. f. 7. Zie abdi dalêm jimat, 8. Zie wayang, 9. Zie balencong.

--- 3 : 1586 ---

Jêmpina:

Bayi lair durung mangsane, kaya ta: lair 7 utawa 8 sasi. P.R. 195 (12).

Jompong:

1. zie srandu kêbo sapi. 2. zie srandu katuranggan.

--- 3 : 1587 ---

Jumog:

zie abdi dalêm Surakarta letl.c.

Jambu:

Ing ngisor iki araning jambu sawatara, kaya ta: krikil, klampok, klampok arum, kluthuk, dêrsana,§ Pananduring wit jambu dêrsana yèn wis 7 taun awoh, yèn pêntile wis rada gêdhe dibrongsong, sajroning 50 dina wis tuwa, rasane kang enak: lêgi, kang ora: kêcut, jambu dêrsana kêna kacangkok, nanging ora pati bêcik tinimbang karo dhêdhêrane. wèr, wungu, lumut, lêgèn, putih, pathokal, bol. J.Z.I.277-3 v.o.

2. Kw. klampok, jambêt, jambus. 3. Wangsalan Tjent. kang munggèng rêragi. 4. Wiwite ana wong lanang jambon, saka Prabu Cingkaradewa ing Mêndhanggalungan, sinangkalan: karasa obahing pakarti (466) P.R.II.272- 6.

Jambe:

zie wit

Jômba:

zie gend.

Jamban:

zie abdi dalêm wadon no. 19.

--- 3 : 1588 ---

Jêmbawan:

Sang Bagawan Kapi Jêmbawan (jaman purwa) ambalang pangantèn kang salah kadadèn dadi ulêr kalawan gantal (suruh têmu rose têlung lêmbar lininting winalik tinalenan ing lawe wênang) sanalika banjur mulya bali dadi manungsa manèh, nanging durung bisa obah (iku anane pangantèn nganggo balangan gantal) banjur disawuri ing kêmbang malathi (iku anane pangantèn nganggo sumping kêmbang mlathi sapêlik) tumuli bisa anggulawat, nanging durung bisa calathu, banjur digrujug ing banyu dêgan (iku anane sajèn dêgan diparasi ora dicoplok kêcère, nganggo cucuk janur kapuntu (kaya corot)cèrèt. têlung tancêb).

Sang bagawan adhêdhawah, ing têmbe wuri yèn ana pangantèn têmu kaisaratana nganggo balangan gantal, têkaning kori biyungne pangantèn wadon amuwuhana banyu kêmbang sataman: ing êmbun-êmbune pangantèn lanang, sarta pangantèn wadon angwisuhana sikile pangantèn lanang, kalawan banyu kêmbang sataman mau, iku minôngka isarating kaslamêtan, banjur dipurih kanthèn, kang lanang ana ing têngên, kang wadon ana ing kiwa, sarta lakune disirup (kinêmulan), ing kêmbên sindur marang biyungne pangantèn wadon, têkan ing ngarêp kobong: linggih, pangantèn lanang linggihe malik dadi ana kulon, pangantèn wadon ana wetan, ingatase omah marêp mangidul. Zie Darmokondo 1904 no. 68

Ajar Windudaka

...§ Nganggo mêcah êndhog pitik mêntah? sawênèh macul pipisan (liniru tumpêng). Yèn pangantèn tinêmu sadulur misan van pisan = pipisan, lan nyiram gêni ing tumpêr, yèn kang nyiram pangantèn lanang dening dhudha olèh prawan, yèn kang nyiram pangantèn wadon, dening lanjar olèh jaka.

--- 3 : 1589 ---

Jambal:

1. zie srandu kêbo sapi, 2. wangsalan Tjent. janma mlarat = anggombal

Jômbaleka:

(W.H.) têgêse: padhang bulan, kuwajibane kabubuhan mariksani samubarang prakara kang magêpokan wong ulah wisaya amèk iwak banyu sapanunggalane, kaparingan lungguh bumi desa 375 karya, utawa 93-3/4 jung.

Jamblang:

1 zie Petruk. 2. zie bathikan

Jêmblung:

wangsalan Tjent. wong mêtêng tuwa = anjêmblung

Jamang:

wangsalan srandu kêbo sapi

Jamangan (kadilagan):

Anane tabuh gêndèr sarta gambang nganggo jamangan, saka anggite Kangjêng Panêmbahan Buminata, putra dalêm P.B.IV

Jamang murub (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jamang murub: bênêr, sogokan pinêkak, tikêl alis.

--- 3 : 1590 ---

...

--- 3 : 1591 ---

Jagasura (sêtabêl):

prajurit jaba: mayor 1, kaptin 1, irstê litnan 1, twèdhê litnan 1, twèdhe litnan 1, sarsan Mayor 6, sarsan pulir 2, kopral 14, ajudan ondêr upsir 2, saradhadhu 74, panambur 2, panylomprèt 2, kaum 2, gunggung 109.

Jayèngbraja:

' = dorapati prajurit jaba. mayor 1, kaptin 1, irstê litnan 1, twèdhê litnan 1, twèdhê litnan 1, sarsan mayor 2, sarsan platun 4, kopral 10, trêbis 10, poliyêr 1, saradhadhu 75, mètêr 1, panambur 3, sinal 3, ajudan ondêr upsir 1, kaum 1, gunggung 116. zie abdi dalêm prajurit letl. k.

--- 3 : 1592 ---

Jago:

Ing ngisor iki pilihan jago adon sinêbut bapa, kang ora kalêbu ing pilihan aran: anak, kaya ta: Jago wido sikil putih iku pilihan jago adon ingaran: bapa, upama tandhing karo jago wido sikil irêng dudu pilihan, iku ingaran: anak, dadi ing pêthèk mênang si bapa karo si anak, dene yèn tarung karo jago adon (abang sikil putih enz) iku tandhing padha bapa, adate sok dadi pur, dene pilihane jago adon mung ana sanga, kaya ta: 1. Putih mulus, 2. Lurik sêkul sikil putih, 3. Wiring kuning sikil kuning, 4. Abang sikil putih, 5. Wido sikil putih, 6. Irêng sikil irêng, 7. Irêng galih sikil anila wêrdi, 8. Klawu sikil anglêmpuyang aking, 9. Blorok sikil lonthèng jalu irêng.

Petungane wong arêp ngadu jago, nêptuning dina pasaran kakumpulake dadi siji, pira katêmune banjur diitung: bapa, anak, bapa, anak, yèn tiba: bapa, angadua jago bapa mungsuh anak, amêsthi mênang wong iku, kosok baline aja wani ngadu jago anak, mungsuh jago bapa, amêsthi kalah wong iku, dene yèn olèh tandhing bapa padha bapa, bêcik ora disidakake bae mundhak ngrusakake jago adate akèh sing dadi pur.

--- 3 : 1593 ---

Apalan nêptuning dina pasaran, supaya ora lali: ditêmbangake sakênane kaya ing ngisor iki: Dina Ngahad nêptu lima / Sênèn papat Salasa tri / Rêbo pitu Kêmis astha / Jumungah nêm Sabtu trusthi / pasaran kang winilis / Kaliwon nêptune wolu / Lêgi: ma Paing sanga / Pon pitu Wage mapati / kinumpulkên: petangane bapa anak //

Tômba jago kang mêntas diadu mênang: Sukêt grinting kawat 7 lêr, sadawaning sikil jago kagêcak. Arak 3 cubung, kanggo anggodhog gêcakan sukêt grinting mau, dikarèkake sacubung, kaombèkake ping têlu ing dalêm 3 dina (= sadina sapisan).

Mripat jago kêna ing jalu: Oyod sukêt lulangan, 3 wit kagêcak. Banyu wayu, 1 siwur, dicêmplungi ... Sompil, 7 iji, kanggo ngêkum oyod mau banjur dibun-bunake ginawe nètèsi mripat.

Cucuk coplok: Coplokan cucuk dianjingake manèh katalenan lawe wênang kang kukuh banjur digosok ing brambang, esuk kabukak dikumbah ing wedang bung kelor mangêt-mangêt, banjur kagosok ing brambang sarta katalenan manèh, mangkono sabanjure, ora kongsi lawas: mari.

R. Pandji Hastra Nagara Kudus.

--- 3 : 1594 ---

Wiwite ana wong ngadu jago saka Prabu Baka ing Prambanan, sinangkalan: buta sirna tanpa rupa (1005).

Bab jago

Padha-padha kasênêngan adon-adon kang nganggo ditotohi tumrap ing tanah Jawa, kang rame sarta andadèkake kabungahan, ora kaya ngadu jago, awit tarunge suwe, gênti gêntèn kalindhih, ana kang nganti mati ngênggon ana ing kalangan, sawênèh ana jago kang wis disèkêt sawidak bisa mênang, mula jago dadi têtêmbungan kêmbang lambe, barang kang digêgadhang, utawa tumrap ing kaprawiran, diarani: jago. Para prayayi lan para luhur ing nagara dalêm ing Surakarta akèh kang rêmên angadu jago, nganggo ditotohi puluhan munggah tumêka atusan rupiyah, luwih manèh ing nagara Ngayogyakarta, nganti ditotohi ewon-ewon.

Jago iku wulune beda-beda, sarta ana arane dhewe-dhewe, wite saka 4 prakara, kaya ta: 1. Abang. 2. Irêng. 3. Kuning. 4. Putih.

Witing wulu patang prakara iku kaperang dadi 8 bab, kaya ta: 1. Abang. 2. Irêng. 3. Kuning. 4. Putih. 5. Wido. 6. Lurik. 7. Klawu. 8. Blorok.

Pêperangan 8 bab iku kaperang manèh, sarta dijênêngake dhewe-dhewe, kaya ta:

a. Perangan kang saka wulu abang.

1. Abang kang sadaning rawis kuning, wulu pangapiting sada abang nom, palisire kuning, wulu ing têlih irêng poking suwiwi utawa diarani gêblèg, abang tuwa, kaya abanging kalungsu, lancure irêng, sikile putih, diarani abang klungsu. 2. Abang kang kaya abang klungsu, sarta abange luwih tuwa, gêblèg lan lancure irêng sêmu ijo, sikile putih, diarani: [dia...]

--- 3 : 1595 ---

[...rani:] jragêm. 3. Abang kang kaya abang klungsu, utawa jragêm, sikile irêng, diarani irêng galih. 4. Abang kang sadaning rawis putih, wulu pangapiting sada abang, kaya abanging ampo, têlih tumêkaning dhadha sapangisor, pisan abang ambranang kaya jingga, lancure irêng sêmu ijo, sikile putih, diarani: abang laka. 5. Abang kang sadaning rawis kuning, wulu pangapiting sada rada nom, palisiring wulu kuning nom, wuluning têlih abang nom, ing dhadha tumêka ngisor pisan irêng, lancure irêng sêmu ijo, sikile putih, diarani: abang srana. 6. Abang kang sadaning rawis biru, dalah wulu pangapiting sada biru kinclong-kinclong, palisire abang tuwa tumêkaning wulu têlih, mung ing dhadha sapangisor akèh irênge, sikile putih, diarani: abang konyit. Mungguhing wulu kang diarani konyit iku wulu biru kang akinclong-kinclong. Ing têmbung Malayu: konyit, jarwane: kunir, dadi wulu konyit mau kang dipirit kunir nom, yèn diiris katon kuning sêmu biru. 7. Abang kang sadaning rawis kuning, wulu pangapiting sada kuning nom, wuluning badan uga kuning nom, kaya kuninging sapi, wulu têlih kuning sulak putih, sikile putih, diarani abang sapi. 8. Abang kang wuluning rawis putih, pangapiting sada irêng palênik abang sêmu putih, wuluning têlih tumêka ing dhadha irêng, palênik putih sêmbur abang, sikile putih lonthèng irêng kaya kêmbang sana, diarani lurik sana. 9. Abang kang sadaning rawis kuning, pangapiting sada abang sêmburat kuning, cêcêke abang nom, kaya lorèking bêkingking abang, wulu têlih abang sêmu putih, sikile kuning, diarani: lurik bêkingking abang. 10. Abang kang sadaning rawis abang, pangapiting sada abang rêgêd, wuluning têlih abang soga, satêngah kaya abanging ampo, sikile putih, diarani: klawu ampo.

--- 3 : 1596 ---

11. Abang kang wuluning badan lan rawis sarta barise abang baranang kaya jingga, mung lancure irêng sêmu ijo, sikile kuning, diarani: klawu brama. 12. Abang kang sadaning rawis kuning, wulu pangapiting sada abang, palisire kuning, wulu poking suwiwi abang tuwa, utawa wungu tumêka barise, kaya wunguning kêmbang kêcubung, wulu têlih akèh irênge, sikile putih, diarani: klawu kêcubung. 13. Abang kang kasêlapan wulu putih pating dalêmok, sikile kuning, utawa putih, diarani: blorok madu. 14. Blorok madu kang sikile kuning lonthèng irêng, diarani: blorok brumbun. 15. Abang kang sadaning rawis kuning, wulune lêr abang sarta irêng, utawa ana kang abang karo kuning, sikile kuning, utawa nglêmpuyang aking (kuning sêmu putih), diarani: wido cêpaka pênyu. 16. Abang kang sadaning rawis uga abang sêmburat kuning, wulu pangapiting sada abang kêthèl, palisiring wulu abang sêmu kuning, wulu têlih irêng sèrèt abang kaya blorok, sairib wuluning alap-alap, sikile irêng, diarani: wido alap-alap.

b. Perangan kang saka wulu irêng,

1. Irêng kang dalah sikil kuku lan cucuke, tanpa kasêlapan wulu liya-liyane, diarani irêng mulus. 2. Irêng mulus dalah kulite, diarani: cêmani. 3. Irêng kang kasêlapan wulu putih, diarani: blorok babon. 4. Irêng kang sêmburat abang, palisire lan barise kuning, wulu poking suwiwi wungu sêmu irêng kaya wohing siwalan, wulu ing têlih irêng sapangisor, sikile irêng, diarani: wido siwalan. 5. Irêng kang sadaning rawis konyit, pangapiting sada irêng, palisire kuning nom, wulu têlih sapangisor irêng, sikile irêng, diarani: wido kuwali. 6. Irêng kang sadaning rawis putih, palisire kuning, wuluning têlih sapangisor pisan irêng, sikile lonthèng, kaya kayu awar-awar, diarani: wido awar-awar. 7. Irêng kang aklawus putih, sadaning rawis irêng, palisire kuning klawus, wuluning têlih irêng sêmbur putih rêgêd, saèmpêr kaya wulu munyuk, sikile [siki...]

--- 3 : 1597 ---

[...le] irêng utawa lonthèng, diarani: wido kêthèk.

c. Perangan kang saka wulu kuning.

1. Kuning kang sadaning rawis kuning, suwiwi lan buntute irêng sêmu ijo, wuluning badan kuning, sikile kuning diarani: wiring kuning. Wiring kuning iku rupa loro, yèn suwiwi utawa buntute kasêlapan putih, diarani wiring kuning mubal, yèn tanpa kasêlapan diarani: pêpêt. 2. Kuning kang sadaning rawis kuning, wulu pangapit uga kuning palênik irêng cilik-cilik, palisir lan barise kuning tuwa, saèmpêr kêmbang cêpaka saka layoning gêlung, sarta wuluning têlih sapangisor irêng, buntute lan lancure irêng sêmbur putih, sikile kuning, diarani: wido cêpaka kuning. 3. Kuning kang wuluning rawis sadane putih, ana irênge cilik- cilik lan lincip-lincip, pucuke kuning nom, kaya winihing pari, têlihe irêng carub kalawus putih, sikile kuning, diarani: wido piniyan, bokmanawa bênêre wido winihan. 4. Kuning kang sadaning rawis kuning, wulu pangapit sada irêng, plisir kuning wangunan kagok, sapangisor tumêka ing baris, pindha kêmlandhingan kang amasang jaring, têlih sapangisor irêng, sikile kuning, diarani: wido kêmlandhingan. 5. Kuning kang sadaning rawis kuning sêmburat abang, wulu pangapiting sada abang rêgêd, palisiring wulu kuning sêmburat abang, kaya nanas kang wis dalu, wulu ing têlih irêng kalawus putih sêmburat abang, sikile nglêmpuyang aking, diarani wido nanas. 6. Kuning kang sadaning rawis kuning, wulu pangapiting sada kuning sêmu abang, cêcêke putih lêmbut lan kêrêp, wulu ing têngah kuning ngêlawus pindha kulitaning kêmiri, sikile putih, diarani: lurik kêmiri. 7. Kuning kang sadaning rawis kuning, wulu pangapiting sada putih kalawus, sêmburat abang, cêcêke abang putih lan kêrêp, kaya lorèking bêkingking [bê...]

--- 3 : 1598 ---

[...kingking] kuning, wuluning têlih putih kalawus sêmburat abang, sikile kuning utawa kuning sêmbur irêng, diarani: lurik bêkingking kuning. 8. Kuning kang sadaning rawis kuning, wulu pangapiting sada kuning kalawus, wulu têlih irêng sapangisor pisan, buntute irêng sêmu ijo, sikile biru, diarani: klawu balimbing.

d. Perangan kang saka wulu putih.

1. Putih kang dalah sikil kuku lan cucuke, tanpa kasêlapan wulu liyane, diarani: putih mulus. 2. Putih mulus kang sikil lan kulite irêng, bôngsa Sabrang angarani têdhuh dhi dhalêm, yèn wong Jawa akèh kang ngarani cêmani, kayadene irêng mulus kang têrus dalah kulite, wong Sabrang nêgêsi têmbung têdhuh = mega, dadi karêpe anggamêng ing jêro, wong Jawa ngarani wulu kang mangkono: cêmani, bokmanawa saka têmbung cumani, lingga cuni, têgêse: sêsotya, panunggul. 3. Putih kang sadaning rawis putih, wulu pangapiting sada putih klawus sêmu irêng, palisire kuning nom, sapangisor tumêka ing lambung, wulu ing têlih putih kalawus, sikile putih, diarani: wido klobot. 4. Putih kang kaya wido klobot, nanging putihe rêsik, diarani: wido slaka. 5. Putih kang kasêlapan wulu irêng pating dalêmok, diarani blorok babon, zie no.3. perangan b. 6. Putih kang kasêlapan wulu abang pating dalêmok sêmburat irêng, diarani blorok lodhoh. 7. Putih kang kasêlapan wulu irêng klawus, cilik-cilik pating palênik kaya upa sumêbar, sikile putih, diarani lurik sêkul. 8. Putih sakabèhing wulu kang suwiwine: gêblèg abang, sikile putih, diarani: klawu bêndha. 9. Putih sakabèhing wulu klawus kaya awu, ing têlih [tê...]

--- 3 : 1599 ---

[...lih] sêmbur irêng tumêka ngisor pisan, sikile nglêmpuyang aking rêgêd, diarani: klawu padhas.

Mungguh jago kang kêna didu iku warna 2: 1. Jago Jawa. 2. Jago Siyêm.

Jago Jawa iku kang wis kalakon bêtah lara, kabruke (gitik) sêdhêng, atine kang akèh têtêg, nanging jago Siyêm ora bêtah lara, mung gitike sêru, olahe nakal.

Jago Jawa iku kang akèh êndhase bundêr gèpèng utawa gilig, kang lonjong arang, cringihing cènggèr dawa-dawa, gombèle ômba, wulune akèh, badane rupa-rupa, ana kang dawa, cêndhak, gilig, ngupih, bulug, utawa ana kang cêkêle banggal, kulitane putih.

Jago Siyêm iku êndhase kang akèh lonjong gilig, cringihing cènggèr cêndhak, gombèle sathithik: ngaprêt, kapara akèh kang tanpa, kang akèh badane dawa bulug, cêkêle banggal, wulune sathithik, têrkadhang brindhil-brindhil, kulite abang, yèn isih nom kuning.

Sarèhning jago Siyêm ora bêtah lara, nanging gitike sêru, dadi panêmuning para dhêmên ngadu jago banjur anjodhokake, babon Siyêm lan jago Jawa, supaya anake nuruni bêtah lara kaya jago Jawa, nakale lan sêruning gitik kaya jago Siyêm.

Saranduning jago kang dadi titikan ala bêcike ati sarta olah gitike, kaya ing ngisor iki: 1. cucuk, 2. êndhas, 3. mata, 4. cènggèr, 5. gombèl, 6. godhoh, 7. kulit, 8. wulu, 9. lancur, 10. rawis, 11. baris, 12. badan

--- 3 : 1600 ---

13. sikil, 14. sisik, 15. jalu, 16. brutu.

a. Bab cucuk.

1. Yèn cucuk lancup,lancip. iku cucukane lara, landhêp, yèn nucuk karo ngabruk, adat panucuke diculake, nanging ringkih. 2. Yèn cucuk nyanthuk ambèthèt, adate gegot, yaiku yèn nucuk karo ngabruk arang-arang cul,ucul. sarta sabên nucuk suwe bisane ngabruk. 3. Yèn cucuk dhêmpok, ora candhakan.

b. Bab êndhas.

1. Êndhas bundêr kandêl, iku têtêg atine, nanging tandange kurang 2. Êndhas bundêr tipis, iku atine tipis, ora bêtah lara. 3. Êndhas lonjong gilig, iku bêtah lara, atine têtêg, tandange kêsit. 4. Êndhas lonjong tipis, iku tandange kêsit, nanging ora bêtah lara.

c. Bab mata.

1. Kang irênge gêdhe tôndha anak jago, kandêl atine. 2. Kang irênge cilik, tôndha anak jagoan, atine tipis. 3. Kang akèh putihe, kurang prayitna. 4. Kang sathithik putihe, akèh prayitnane.

d. Bab cènggèr.

1. Yèn tancêbing cènggèr kang buri sipat mata, adate ora duwe olah mlayu. 2. Yèn tancêbing cènggèr kang buri mundur saka sipating mata, adate duwe olah mlayu.

Cènggèr iku rupa 4: 1. Cènggèr wilah, wujude lômba gèpèng lan ômba, nganggo cringih dawa-dawa. 2. Cènggèr têlon, wujude kandêl, tancêbing cringih têlu, cringih-cringihe cêndhak tinimbang cènggèr wilah. 3. Cènggèr sumpêl, wujude kandêl rada gilig malunthus, tancêbing cringih ora ana, cringih-cringihe [cringih...]

--- 3 : 1601 ---

[...-cringihe] mung pating pruntus cilik-cilik cêndhak-cêndhak. 4. Cènggèr sanggar dlima, wujude kandêl nyêprok, kaya kuncuping kêmbang dlima, tancêbing cringih akèh, cringihe uga akèh lan rada dawa-dawa. Jago kang mêsthi didu iku kang cènggèr wilah lan têlon sumpêl arang-arang, sanggar dlima ora kanggo, dene cènggèr wilah iku yèn didu akèh gêtihe, nganti asring nutupi mata, yèn cènggèr têlon lan sumpêl kurang gêtih, cènggèr iku yèn jago adon mêsthi nganggo diopèli, yèn cènggèr wilah nganggo diwangun, yèn malêngkung gêdhèdhèr buri diarani: manji, awit kaya gêlangane Radèn Panji ing Jênggala.

Cènggèr mau yèn kèplèh kang akèh tipisan ati.

e. Bab gombèl

Gombèl iku amanggon ana ing uwang, cacahe siji sisih, yèn jago jawa wujuding gombèl ômba, mula yèn jago adon mêsthi diopèli, mung yèn jago pêranakan Siyêm, gombèle sathithik, luwih manèh yèn cènggèr têlon, kang akèh tanpa gombèl. Yèn jagoan kang durung môngsa didu, môngka diopèli, diarani: dipondhoh, adat dadi tipis atine.

f. Bab Godhoh.

Godhoh iku ana sangisoring kuping. 1. Yèn godhoh putih atine tipis. 2. Yèn godhoh abang lumrah kuwanène. 3. Yèn godhoh ômba ora bêtah lara. 4. Yèn godhoh ciyut bêtah lara.

g. Bab kulitan.

1. Yèn kuliting rai tipis, utawa diarani alus, gêtihe kurang, lan ora abuhan, yèn bocok (tatu dicucuk) tumuli mari. 2. Yèn kulit kandêl bêrut- bêrut anjêruk purut, gêtihe akèh, sajroning tarung asring ana kang abuh, yèn bocok suwe marine.

--- 3 : 1602 ---

h. Bab wulu.

1. Wulu cilik- cilik lantas, tandange kêsit. 2. Wulu ômba, tandange kêndho. 3. Wulu of lar suwiwi cêndhak, yèn ngabruk niba. 4. Wulu of lar suwiwi dawa, yèn ngabruk ora niba.

i. Bab lancur.

1. Lancur ômba tandange kêndho. 2. Lancur ciyut tandange kêsit. 3. Yèn lancur ômba jêlaprat, gitike sêru. 4. Yèn lancur ngêlèmprèh, tandange kêndho. 5. Yèn lancur ciyut jêlaprat, tandange kêsit, gitike sumêlèt.

Lancur mau ana jênênge dhewe-dhewe, kaya ta: 1. Lancur cêndhak buntut jêprak, diarani lancur nepas, watêke kurang gitik. 2. Lancur ômba dawa jêlaprat, sarta mêgar diarani lancur nêbu sauyun, watêke sêdhêng. 3. Lancur ciyut dawa jêlaprat, mèpèt, diarani lancur ngucêng mati, watêke gitike sêru. 4. Yèn jago pasêmon babon, buntute tanpa lancur, diarani papak babon. 5. Yèn jago pasêmon babon, buntute ana lancure nanging ora pati dawa, diarani: papak mancung.

j. Bab rawis

Rawis iku wulu ing gulu kang dawa-dawa, sarta yèn tarung banjur mêkrok. Yèn jago abang utawa wiring kuning, môngka wulu rawis akèh putihe, ora têrus abang utawa kuning, dadi panitikan atine kurang têtêg.

k. Bab baris

Baris iku wulu dawa kang ana nglambung, rupane kaya rawis, yèn akèh nganti ana kang katutupan suwiwi, diarani sembong, dadi panitikan gitike sêru.

l. Bab badan

Badan iku rupa-rupa, kaya ta: dawa, cêndhak, gilig, ngupih, bulug lan banggal, iku manggon ana wuluning jago dhewe- dhewe, bakal [baka...]

--- 3 : 1603 ---

[...l] katêrangake ana bab pêthèking jago (pamilihing jago).

m. Bab sikil

1. Yèn sikil gêdhe, panggitike rosa. 2. Yèn sikil cilik, panggitike kurang rosa. 3. Yèn sikil garing, panggitike lara. 4. Yèn sikil têlês, panggitike anyêp ora karasa lara.

Sikil garing lan têlês iku ana kawujudan, yèn garing rupane kêncêng akas, yèn têlês rupane kêndho, wangun angêmu banyu.

n. Bab sisik

Sisiking sikil jago iku kaya sisik iwak, wiwit dhêngkul mangisor tumêka ing driji, sakiwa têngêning sisik saka dhêngkul mangisor tumêka ing jalu, utawa têkukaning driji, nganggo bêlah kulit abang, satêngahing bêlahan ana kang kaya sisik, diarani rante, saburining bêlahan saka kiwa manêngên, ana sisike.

Sisik kang ngarêp iku jèjèr ngloro tumpang tindhih urut saka dhêngkul mangisor tumêka têkukaning driji, driji kabèh sisike niji urut-urutan tumêka tancêbing kuku, sisik kang buri mau uga mung siji urut-urutan tumêka ing driji, tlapakane tanpa sisik.

Sisik kang jèjèr ngloro iku diarani sisik pêcah, yèn ana sisik 2 dadi siji tanpa gêthêk, diarani ubêt, yèn nganggo gêthêk diarani: têtêk, yèn sisik 2 môngka ana têlu, dadi sisik mau wujude suda gêdhene karo yèn 2 kang ana têngah diarani mêlik.

Sisik ubêt utawa sisik cilik (mêlik), seje trape ana jênênge dhewe-dhewe, kaya ta: 1. Ubêt siji manggon ing dhuwur utawa ing ngisor, diarani gêlang kana. 2. Sisik cilik siji, ngisor dhuwur ubêt, diarani putri kinurung. 3. Sisik cilik kang luwih saka siji, 2 utawa têlu, ngisor dhuwur ubêt, diarani macan [maca...]

--- 3 : 1604 ---

[...n] makutha. 4. Sisik cilik kang sumlêmpit ana ing sisiking ros dariji, diarani kuwuk mêngkêp. 5. Sisiking jênthik pungkasaning kuku, yèn pêcah diarani tanjung karang. 6. Sisik cilik kumroyok nganti katon pating bêsasik, diarani sisik ula. 7. Sisik kang manggon ana ing katèl, diarani batu lapak. 8. Sisik kang ana talapakaning dariji, diarani: baya ngangsar. 9. Sisik buri yèn malik arêpe, diarani grungsang. 10. Yèn sisiking dariji pungkasaning kuku padha pêcah kabèh, diarani anak raja sapu angin. 11. Sisik kang kabênêr ana ing garês kapering têngên, anumpangi sisik têlu, sawênèhing ahli pêthèk angarani: batu lapak. 12. Sisik kang kabênêr ana ing garês kapering kiwa, uga anumpangi sisik têlu, diarani talumpi. 13. Yèn batu lapak tumpuk lan talumpi, batu lapak ana ing dhuwur diarani gandri paha, yèn batu lapak ana ing ngisor diarani gandri asu. 14. Ubêt siji, ngisore ana sisik cilik, utawa sisik barès cacah 7, ngisore ubêt manèh, diarani garangan maèr. 15. Yèn sisik talumpi, banjur batu lapak, ngisore talumpi manèh, diarani jawi-jawi.

o. Bab jalu

1. Jalu dawa lincip, diarani: pônja, lincipe ana kang kêdêr, ana kang nyongat mandhuwur, ana kang nyongat mangisor, yèn nyongat mangisor diarani: tujah bumi. 2. Yèn jalu cêndhak nyanthuk mandhuwur, diarani canthèl, ana kang mung 1 ana kang 2 utawa 3 padha dawane, utawa saya mangisor cêndhak. [cê...]

--- 3 : 1605 ---

[...ndhak.] 3. Yèn jalu cilik mandhukul kaya jagung, diarani jalu jagung, ana kang kukuh ana kang othak-athik. 4. Yèn jalu gêdhe papak wangun bundêr, rèntèng kaya jalu canthèl kang ora nyrèngkèh, saya mangisor saya papak, diarani godog. 5. Yèn jalu mung gatra, ora ana pêndhukule, diarani kêplèk babon.

Peranganing jalu mau, pônja, canthèl, kalêbu pônja, jalu jagung godog, lan kêplèk babon, diarani kêplèk.

p. Bab brutu.

Brutu iku rupa-rupa, ana kang gêdhe, ana kang cilik, lan ana kang kêkêt karo tancêbe ana kang rênggang.

Pamilihing jago

1. Wônda kang bagus, wangun kang tajêm. 2. Badan kang kiyat. 3. Êndhas kang kandêl, gobog utawa gilig. 4. Cènggèr kang kandêl, kang jêjêg, yèn cènggèr wilah saburining tancêb kang mèpèt lan êndhas. 5. Kuliting rai lan cènggèr sarta gombèl kang alus. 6. Godhoh kang abang kang alus. 7. Mata irênge kang gêdhe, sapinggiring irêng kang kuning, putihing mata kang kurang katone. 8. Sikil kang mêthit kang garing. 9. Brutu kang gêdhe kang kêkêt, lan kiyat. 10. Yèn wulu abang badane kang cêndhak kang bulug, cêkêle kang banggal. 11. Yèn wulu blorok badan kang dawa, cêkêle ngrongkong, dadi kurang madhêt. 12. Yèn wulu kuning, badan kang dawa, cêkêle kang ngupih. 13. Yèn wulu wido, badan kang gilig, cêkêle amblês, dadi kudu akèh wulune. 14. Yèn wulu lurik, badane bangkèk, cêkêle amblês, wulu akèh. 15. Yèn wulu klawu, badan kang gilig, cêkêl kang mêmbut.

--- 3 : 1606 ---

16. Yèn abang tuwa pêthèking sisik kang katitipan, anak raja sapu angin 17. Yèn wiring kuning pêthèking sisik kang katitipan, garangan maèr. 18. Yèn wido abang pêthèking sisik kang katitipan, gandri paha lan talumpi. 19. Yèn wido irêng pêthèking sisik kang katitipan, gandri paha lan talumpi kayadene wido abang. 20. Yèn wido kuning pêthèking sisik kang katitipan, gandri asu lan talumpi. 21. Yèn wido putih pêthèking sisik kang katitipan, gêlang kana, batu lapak. 22. Yèn wido satêngah kaya blorok, pêthèking sisik kang katitipan, jawi-jawi. 23. Yèn lurik pêthèking sisik kang katitipan, macan makutha. 24. Yèn balorok pêthèking sisik kang katitipan, kuwuk mêngkêp lan baya ngangsar. 25. Yèn kalawu pêthèking sisik kang katitipan, grungsang tanjung karang, ladrang loro, sing diarani ladrang 2 iku gundhalane maro, gundhala iku kulit sangisoring gombèl. 26. Yèn jago papak, pêthèking sisik kang katitipan, putri kinurung.

Kajaba iku ana pêthèk liyane saka sisik, kaya ta: kopyor, kopèt, kapit, gèdhèg, godhêg.

1. Kopyor iku yèn jago dicêkêl utawa mlaku, wêtênge muni kupyuk- kupyuk, yèn malaku ora krungu swarane, diocak-ocak krungu, iku jênêng kocak, yèn dicêkêl utawa digèrèt krungu swarane: klukuk, diarani klukuk. 2. Kopèt iku yèn nêlèk têlèke ora tiba, ngaprès ana ing jubur bae. 3. Kapit iku buntute kêrêp kopat-kapit. 4. Gèdhèg iku êndhase kêrêp gela-gelo. 5. Godhêg iku satêngah gèdhèg.

Kopyor sapanunggalane mau sarupaning jago kang katitipan iku bêcik.

Mungguh pamilihing jago kang nganggo pêthèking sisik kasêbut ing dhuwur iku: yèn kikrik, yèn ora kikrik sadhengah jago anggêre katitipan ing sisik kaya ing dhuwur mau, iya wis dianggêp bêcik, pêthèke olèh, nanging kang kikrik duwe panêmu, upama jago wido katitipan sisik putri kinurung, yèn mungsuh lan jago papak, akèh kalahe, awit angsare sisik putri kinurung dijaluk karo si papak, dadi ilang kasêktène, yèn mungsuh karo liyane jago papak, kampuhaning sisik isih, nanging iya kurang, ora kaya yèn sisik manggon ana ing sabênêre kasêbut ing dhuwur, mèh kêna ditamtokake unggule, dene yèn padha katitipan [ka...]

--- 3 : 1607 ---

[...titipan] pêthèk, mung karo ngadu bêgjane kang ngadu bae, sarta bab kasarasaning jago.

Pangupakaraning jago

Jagoan iya iku jago nonoman, kang kira-kira umur 17-18 sasi, wiwit dicoba padha jagoan, kang padha gêdhe cilike lan cêndhèk dhuwure, yèn jalu, jalune dibuntêl ing suwekan, supaya aja natoni, yèn wis rampung kabuntêl jalune, banjur dipakani sêga wantah sawarêge, nuli dibanyu, iya iku suwekan kacêlupake ing banyu diarani kopoh, kaêcurake ing rai lan kausap-usapake, patrape ngêcuri, kuping kiwa ditutupi driji, kuping têngên katutupan ing jêmpolan, tangan kiwa, banjur ditungkulake, tangan têngên nyêkêl kopoh mau kaêcurake ing êndhasing jago, sarta banjur diculake panyêkêling êndhas, supaya kèpèt-kèpèt, nuli kacêkêl manèh diusapi ing kopoh, sarampunge rai, banjur kèlèke kabiyak dicuri banyu ing kopoh, sarta kausapake, banjur brutu dibiyak wulune, dicuri banyu ing kopoh, tumuli sikile, wiwit ing dhêngkul mangisor, mungguh kèh sathithiking banyu gone ngopohi, nganggo duga-duga, kang têlês nanging aja nganti kêproh, yèn wis rampung banjur dicoba, tarunge pranggal-pranggalan, mranggal iku ngabruk tanpa nucuk, yèn wis watara suwene banjur cucuk-cinucuk, kabruk-kinabruk, diarani gulêt utawa pêluk, yèn wis sawatara suwene banjur kacêkêl, lan banjur dibanyu manèh, sarampunge nuli didu manèh, sawatara suwene banjur diuwisi, supaya aja nganti kalaran bangêt, awit durung otot [o...]

--- 3 : 1608 ---

[...tot] gulune, yèn nganti montong gulune dadi cacad, montong iku ewoning pêpês, ing buri yèn didu iya mêsthi montong manèh, jênêng ora dadi jago adon. Sarampunge dicoba banjur dibanyu, lan dikoroki cangkême, kang dianggo ngoroki laring buntut, kacêlupake ing banyu banjur dimêgrokake, nuli kakorokake, dene gone banyu rai kudu kang nganti rêsik, supaya aja korèpên, korèp iku ewoning lêlara, bakal katêrangake ana ing bab lêlara dalah pangupakarane.

Lêt sapuluh utawa rongpuluh dina, yèn bocoke wis mari, sarta wis pulih abang kêkulitaning rai, dicoba manèh rada suwe, sabanyon utawa rong banyon, lêt samono dina kacoba manèh, suwene diundhaki, yèn olah gitike mundhak, sarta wis rada otot, sêdhênge arêp diopèli, panyobane rada disuwèni manèh kang rada luluh.

Sabên mêntas kacoba banjur dijamoni cabe lêmpuyang, cabe 1 iji, lêmpuyang 2 ros dariji, digêcak banjur diuntalake.

Yèn jago arêp diopèli, sadurunge kudu diêndêmi, bako enak saparoning kêmiri, kacêlupake ing banyu, banjur kakêcêr-kêcêrake ing èpèk-èpèk, kêcêran kabalèkake mênyang bako, banjur kakêcêrake ing mata lan irunging jago, bako mau banjur diuntalake, ditututi kaombenan banyu, yèn wis dhingkluk katon mêndêm, banjur wiwit diopèli, yèn nganggo gombèl, gombèle kang dhisik, ing kono wis nganggo watêsan, yèn nyorok watêsan tênggoke bolong, diarani gondhangên, nadyan bisa mari, nanging yèn didu kêcucuk bae mêsthi bolong, dadi yèn nganti gondhangên, ora dadi jago adon, yèn wis rampung gombèle banjur gênti cènggère, kang kanggo ngopèli iku wêlat pring wulung, opèlaning gombèl sarta cènggèr

--- 3 : 1609 ---

diuntalake, wêlat kapêndhêm, utawa didokok ing payon, cènggèr lan gombèl kang mêntas diopèli mau banjur dikopohi kang rêsik, sarta kaombènana manèh, supaya mari mêndêm, tilas kang diopèli banjur diwur-wuri pupugan, utawa bubukan bata kang lêmbut, pupugan iku alang-alang garing dirênyuk kang lêmbut.

Jago kang mêntas diopèli iku kudu didhêlikake, aja nganti wêruh jago, nganti 7-8 dina, awit yèn nganti pêcroh, pêcroh iku jago ana kurungan tarung lan jago umbaran, utawa padha ana kurungan dhewe-dhewe, utawa dièrèki ing jago umbaran, kang akèh banjur kalah, sok banjur dadi jago licik, durung dadi jago adon.

Nadyan mêntas diopèli, sabên esuk iya kudu dibanyu, mung cènggèr ora diusapi, dicuri lan ditutul-tutul bae. Yèn wis mari opèlane, sarta tilasing iris-irisan wis abang kaya kulit kang ora diopèli, dicoba manèh, kaping pindho, utawa ping 3 banjur kêna didu nganggo ditotohi, mula panyobane nganti luwih sapisan, awit yèn mêntas diopèli iku tandang lan gitike suda karo nalika durung diopèli.

Pamilihing jago ana ing coban

Nyoba jago iku kudu ngawasake tandanging jago lan kabruke kang pêrlu disêtitèkake, kaya ta: 1. Kaprigêlaning olah. 2. Kanakalaning olah. 3. Patitising pranggalan. 4. Rikating panucuk. 5. Rikating pangabruk. 6. Patitising kabrukan tibaning jalu. 7. Tumibaning sikil. 8. Rosa ènthènging pangabruk. 9. Adhêm panasing sikil nalika ngabruk.

--- 3 : 1610 ---

10. Kuwate nalika dikabruk, diarani tadhah, tadhahe bêcik, tadhahe ala. 11. Têtêging ati nalika kalaran. 12. Laran atène nalika dilarani. 13. Ala bêciking napas, yèn mêgap-mêgap: ala.

Olahing jago didu

1. Dicucuk mundur banjur mranggal, utawa diarani ngapyuk, sarta balang. 2. Mlayu banjur bali mranggal, utawa nucuk banjur ngabruk. 3. Mubêng banjur ngabruk. 4. Olah dhuwur anggagahi banjur ngêmbun, ngabruk êndhas, saka ngarêp, saka ngiringan, utawa saka ngiringan buri. 5. Olah pajêg, mipi nucuk tênggok banjur ngabruk. 6. Nusup suwiwi jêbos angabruk. 7. Nucuk pipi kiwa saka têngêning mungsuh banjur ngabruk. 8. Mubêng ngarêping mungsuh manêngên banjur nucuk tênggok angabruk, diarani, glebag gandhul. 9. Olah ngisor nucuk tênggok angabruk. 10. Olah ngisor nusup suwiwi jêbos ngabruk. 11. Olah ngisor kêrêp nusup mandhêg jêngking, mundur ngunus badan banjur nucuk tênggok angabruk.

Kabèh iku dipiliha êndi kang bêcik, awit bobot timbang ana tandhinge, dene kabèh mau kang bêcik dhewe mung kang dicucuk mundur banjur mranggal, orane kang olah dhuwur, prigêl sarta mlayu.

Jago adon iku sabên esuk jam 7-8 dibanyu, nuli didhèdhèkake, jam 10-11 dieyubake, jam 1 awan dipakani sawarêge, pakane sêga dicarub lan katul, utawa sêga kacarub lan katul, banjur didhêplok, nuli diglindhingi sajêmpol-jêmpol, kira-kira jago bisa nguntal kalawan gampang. Sore jam 3 diumbar, nanging aja nganti tarungan, lan aja nganti nglakèni babon, awit yèn tarungan rusak, luwih manèh yèn mêcrohi jago ana kurungan, [ku...]

--- 3 : 1611 ---

[...rungan,] saya rusak, yèn anglakèni babon suda kêkuwatane, sarta yèn kasuwèn pangumbare, kaya ta: diumbar sadina nutug, iku otote wudhar, nanging yèn kurang umbar, olah lan gitike suda, mula sêdhêngane ngumbar wiwit jam 3 mau, jam 6 dicêkêl banjur dikurung, jam 8-1/2 9 sore, dipakani manèh sawarêge, raine diraupi, sabubare dipakani cucuk dirêsiki, diusapi ing driji nganggo banyu, wiwit tênggok tumêka têlih dilus-lus, rawis dilus tumêka ing buntut, nganggo kamapanake supaya bagus.

Kurungane didokoki sasak gêdhèg, supaya yèn dhêkêm ora adhêm, lan têlèke ora ngrêgêdi panggonan, kang prayoga diyasakake sasak iratan pring rada tipis-tipis, kaanam kepang kaya iyan, supaya ora brênjal-brênjul, lan gampang gone ngilangi têlèke. Sabên esuk jago dibanyu, banjur dikurungi ana ing latar kadhèdhèkake, sasak dipe dirêsiki têlèke.

Bab lêlara lan pangupakarane

Têlèk mau kudu diwêruhi, supaya wêruh saras utawa laraning jago, kaya ta:

1. Yèn têlèke nyabe, tôndha saras. 2. Yèn têlèke lancung, tôndha badane lêsu, kajamonana cabe lêmpuyang, lêt 2-3 dina, kajamonana bawang lanang 1 dibakar, banjur kacêlupake lênga klêntik kauntalake. 3. Yèn têlèke ijo kaya mêntas mangan gêgodhongan, tôndha badane mriyang, kajamonana bawang lanang 1 kabakar kacêlupake lênga klêntik, banjur diuntalake. 4. Yèn lêmu anggajih, badane karasa abot,

--- 3 : 1612 ---

diuntalana bawang lanang mêntah 1 tanpa lênga, supaya singsêt. 5. Yèn raine byar pêt, sadhela abang, sadhela pucêt, utawa cènggère ana birune, iku tôndha kurang saras, banjur diuntalana bako enak kaglindhing, kira-kira rong klungsu. 6. Yèn wayah esuk jam 7 tumêka jam 9, têlihe durung kothong, tôndha wêtênge lara, kajamonana cabe lêmpuyang. Kang akèh jamu jago iku mung cabe lêmpuyang utawa bawang, kèh-kèhing para marsudi kasarasaning jago muwuhi adon-adoning jamu, kaya ta: diuntali tempe bosok, supaya doyanake mangan, dijamoni cabe lêmpuyang nganggo dhangkèling sukêt têki, supaya bêtah lara, lêt sadina têlung dina dipakani gêdhang, supaya tutut, sabên sapuluh dina sapisan dipakani daging kêbo mêntahan, supaya kuwat, dadi prakara jamu kang akèh mung saka panêmu. 7. Yèn kurang doyan mangan, sadurunge mangan dipakani tape pohung. 8. Yèn ora doyan mangan babar pisan, cahyane pucêt, adat mêntas mangan godhong matêng tilas wungkusan pipis sapêpadhane, utawa nguntal kênthus, banjur kawêlêda gêdhang ambon, iku sok bisa tulung. 9. Yèn lara pathèkên, adat mêntas mangan isi sêmôngka, kajamonana dhêle kapipis, yèn grobohan dimamah, sarta kaborèhna ing pathèk, sawênèh tambaning pathèk mau diuntali pêntil pace, lan diborèhi gêcakan pêntil pace. 10. Yèn korèpên, adat mêntas didu kurang rêsik pangopohe, banjur kaplocota sarana kopoh kang nganti êntèk, banjur kablonyoa banyuning jêruk pêcêl kang nganggo bubukan walirang, utawa dilênganana lênga kayu putih. 11. Yèn suwarakên, adat nalika didu utawa dicoba, kurang rêsik ênggone ngoroki, sabên esuk korokana

--- 3 : 1613 ---

lênga klêntik.

Panitiking jago kang wis kêna didu

Jago kang wis kêna didu iku yèn wis otot gulune, rai lan cènggère abang baranang, ajêg ora byar pêt, badan singsêt, cêkêle gêmèndhêl, cêkêling wulu mêmês mèpèt, sikile kang kabêlah ing rante ora alum, upama abang iya kang katon abang baranang, ing wayah esuk têlihe wis kothong.

Panandhinging jago

Tandhingane jago iku, nom lan tuwane, gêdhe dhuwure, jalu lan kêplèke, Jawa lan Siyême, kudu padha, yèn ana sliringane, kalah tuwa nanging mênang gêdhe dhuwur, kalah gêdhe mênang dhuwur, mangkono sapêpadhane, dadi ana kalahe tandhing nanging duwe irik-irikan, kurang saras, utawa mênang santosa, sarta yèn wis sumurup olahe jago kang arêp dimungsuh, bakal dadi karêmane jagone, iku saya wani.

Patrape ngadu

Yèn panandhinge wis rampung padha wanine, banjur dibanyu, sarta dipakani sêga tanpa katul, dikêpêl dilolohake, yèn gêlêm dipurih nucuk dhewe, yèn wis rampung gone mangan, banjur dibanyu, tumuli diumbar satêngahing kalangan, padha diwêruhake bakal mungsuhe, sawatara suwene yèn jago jalu banjur dipapaki, kang mapaki mungsuhe, kang kanggo mapaki lulang pe, mung tumêka sacêdhaking curi, yèn nganti kêcurèn sarta gêtihe darodos akèh, tan trimane kang duwe banjur kêna wurung, yèn isih wani banjurake, jalu kang mêtu gêtihe dislomot ing gêni upêt, supaya pampêt, banjur padha dibanyu manèh, sarta diumbar ing kalangan, sawatara suwe banjur ditarungake, yèn brèsèt salah siji: wurung, brèsèt iku isih wani nanging wani angas, yèn ora brèsèt sabubaring abar banjur

--- 3 : 1614 ---

gulêt, wiwit gitik-ginitik, olèh sawatara gitikan banjur ngajak barêngan nyêkêl, cucuke kang dhuwur padha ditalèni, wujude kagodhi, singsêtane olèh ing cènggèr, ditali cucuk iku pamurihe kukuh, supaya cucuk aja nganti coplok, yèn wis rampung panaline cucuk, banjur dibanyu, diumbar, sarta banjur didu manèh, wiwit iku yèn ana kalahe salah siji wis banjur, ora kêna wurung.

Watêsaning kalangan iku rupa- rupa, ana kang mung garitan, ana kang diwatêsi pring, ana kang watêsan sakêpunge wong kang padha ngêpung.

Yèn jago kang tarung iku minggir têka ing watêsan, banjur padha dicêkêl, sarta banjur dilih mênyang têngah, nganggo didandani suwiwine, gêtihe ing rai lan cènggèr diusapi tangan, utawa lêngên, êndhase dipijêti, kupinge dikili ing lancure dhewe, supaya yèn budhêg bisa eling, tandhane yèn budhêg, dikili ora gèdhèg, yèn wis gêlêm gèdhèg tôndha wis eling, yèn anggong, têgêse napase ngangsur amêgap-mêgap, cangkême dingakake banjur diidoni. Sawise rampung nuli didu manèh, yèn minggir iya banjur dicêkêl manèh, dilih mênyang têngah kaya kang wis, yèn wis minggir kaping 4 banjur padha dibanyu, rampunge dibanyu diumbar ing kalangan, nuli didu manèh. Upama jago tarung digitik (kabruk) mungsuhe nganti jêrbabah ana satêngahing kalangan, yèn dicêkêl diêntèkake banyune, dadi sawise didandani kêna didu manèh, môngka minggir nganti ping 4, kang dicêkêl ana têngah mau ora kêna dibanyu, awit wis diêntèkake, kang dibanyu mung mungsuhe bae, mula yèn ana jago kêjalingan ana têngahing kalangan, kudu diduga-duga, yèn kirane ora dadi

--- 3 : 1615 ---

ngapa ora susah dicêkêl, mung kang botohi bae kudu bisa, têgêse angaraha supaya jagone tumuli minggir, dadi kêna dicêkêl sarta didandani, yèn kirane gone kêjalingan bakal tumêka ing pati, iya kudu dicêkêl, ora susah ngèlingi êntèking banyu.

Jago kang wis arêp kalah iku kang akèh kêna dititik saka brutune, yèn brutune wis lêmês, iku mèh kalah, wêruhe yèn brutu lêmês, buntute jêngat-jêngit, luwih manèh kang botohi, akèh wêruhe marang kaku lêmêsing brutu, sarta wêruh bobot, yèn ènthèng tôndha arêp kalah, yèn isih antêp tôndha atine isih mêmpêng.

Tarunging jago iku nganggo diwatêsi, yèn wis jam 6 sore, môngka durung ana kang kalah iku pur, sakabèhing totohan bali.

Ambotohi jago iku kudu awas lan parigêl.

Awase kudu wêruh ulating jago, kaya ta: jagone anggong (mêgap-mêgap ngorong) banjur didhêsêka sawatara, nanging aja katon nakale, mung supaya jagone tumuli têka ing watêsan, dadi banjur kêna dicêkêl didandani. Yèn jago tarunge wis suwe, kêrêp aso tanpa gitik, nanging jagone dhewe isih akèh kuwanène, lan yèn gitik isih sêru, dilawanana pangarah supaya nucuk, kaya ta: dikêthêk, utawa didamu buntute, supaya gêlêm nucuk lan angabruk mungsuh, mangkono uga yèn jagone mungsuh nusup ngeyub ing suwiwi utawa ngisore, dikêthêka lan didamonana buntuting jagone, supaya tumuli nucuki mungsuh, mangkono sapêpadhane.

Prigêle yèn jagone kalaran sarta wis kêna dicêkêl, gone dandani muriha bisa saras, pulih kêkiyatane, thukula kanêpsone, kasarasaning jago iku ana [a...]

--- 3 : 1616 ---

[...na] ing êndhas, suwiwi lan sikil, thukuling kanêpsone saka brutu, mula yèn jago tarung wis thelo-thelo nanging isih ana kawanène, kang akèh brutune kêrêp dipithêsi.

Yèn jago lagi dipapak jalune, gone nyêkêli sikil aja nganti sêru-sêru, yèn kasêron andadèkake abuhing sikil, mula yèn arêp dipapak, sarta bakal ora anggujêngi dhewe, kudu ngupaya pawong mitrane kang kêna dipitaya, luwih manèh kang botohi, kudu kang kêna dipitaya.

Jago iku yèn nganti mangan prusi, ususe bêdhêl sanalika, mula yèn ana ing kalangan kudu dijaga, aja nganti kêna wisaya.

Dhêmên jago iku asring kadunungan gugon tuhon, ngandêl mênyang angsaring wulu sapêpadhane, kaya ta wulu irêng mulus buntute putih kabèh, utawa wulu putih buntute cêlêp (irêng kabèh), lan têlih kang ana kiwa (lumrahing têlih ana têngên), iku dianggêp pandhitaning jago, ora susah didu, mung dijaluki sawabe, sabên makani jagone, jago pandhita iku dipakani dhisik, lorodane mênyang jago kang mêsthi didu.

Jago iku anggumunake, awit kalêbu elok, yèn ana jago mêmpêng didu, môngka suwe ora didu, asring marimpèni kang duwe ana sajroning pangimpèn, diarani nayuh, sêmune jaluk didu, kaya ta: kang duwe ngimpi jagone didu mungsuh lan jago abang mênang, iku samôngsa didu lan jago abang, wis mêsthi mênange, kêna dikibirake. Yèn kang duwe nyêngka atine arêp ngêdu jagone, môngka jagone durung gêlêm didu, iku uga asring marimpèni: didu kalah, dadi jago iku kaya bisa nunggal kaanan ana ing jaman pangimpèn lan manungsa, môngka jangkrik, gêmak, lan liyane ora mangkono, kang durung tau dhêmên jago [j...]

--- 3 : 1617 ---

[...ago] maido prakara tayuh, disêngguh saka cakrabawa, iku luput, yèn saka kacakrabawa apa bedane lan kasênêngan ngadu jangkrik lan gêmak, môngka jangkrik lan gêmak ora tau nayuh. Lan manèh upama kang duwe jago mêmpêng, dina esuk jagone arêp didu, iku akèh kang kêna ditayuh, ing wayah jam 11 utawa jam 12 bêngi, tumêka jam 1 utawa luwih, jago ana kurungan dicêdhaki banyu sêtaman ana ing tuwung, karo dikutugi, dijawab manawa gêlêm didu sesuk, mênang utawa kalah nayuha, sawise kang duwe jago turu, kang akèh jago mau banjur marimpèni, gêlêm utawa orane didu, yèn gêlêm tayuhe: tarung mênang, yèn ora gêlêm tayuhe: tarung kalah, kèh-kèhing jago iya ana kang ora kêna ditayuh, lan ora tau nayuh.

Ana manèh, yèn jago diimpèkake ngoyak babon, iku iya diarani nayuh, yèn esuke, utawa awane didu bisa mênang, lan ora tampik prakara wuluning mungsuh, yèn jago kaluruk ing wayah bêngi jam 1 utawa luwih, môngka ora ana jago kang nyauri kluruk, iku iya diarani nayuh, sarta diarani bujang dwara, esuke utawa awane yèn didu bisa mênang, lan uga ora tampik mungsuh, anggêre lamak, nanging sarèhning prakara kluruk, têrkadhang ora kapikir dening kang duwe, mung esuke jago mau ana tandhane, sisiking sikil kabèh ana abange kayadene dipacar pating jalirit.

Wasana saka panêmuning ati, jago kang tau nayuh lan kang kêna ditayuh, iku pancèn jago luwih, bêbasane jago kajiman.

Tamat.Tertulis tamat, tetapi pada halaman selanjutnya masih membicarakan jago.

--- 3 : 1618 ---

... wulu titipanKeterangan ini seharusnya masuk pada bagian: h. bab wulu, halaman 1602.

1. Yèn wuluning kèlèk ana kang manggon ana ing dhêkokaning balung suwiwi, rupane mruwun kaya wulu kuwuk, diarani: wulu kuwuk manglayang, manggon sadhengaha jago bêcik, watêke yèn jago mungsuh nusup ing kèlèk, banjur kalah. 2. Yèn wulu ing gulu, utawa ing badan, lan liya-liyane, ana wulune maluntir kaya potrèk, diarani: wulu mimang, iku manggona sadhengah jago, bêcik, dadi titikan jago wiyana. 3. Yèn salah sawijinig lancur kaprênah têngah-têngahaning tancêb lan pucuk, ana wulune kawul, utawa mruwun kaya wulu kang cêdhak lan tancêbing wulu, diarani: wulu klabang, sawênèh angarani: alipan têrpasang, manggona sadhengah jago, bêcik, tôndha yèn jago sêkti, yèn didu tajèn adate kalis ing gêgaman. 4. Yèn buntut tekong ngiwa, cènggèr kèplèh nêngên, diarani: sandhêran, manggona sadhengah jago bêcik, dadi panitikan jago wiyana. 5. Yèn thêngiling brutu kang diarani: cupu, ana 2 diarani: sôndha, manggona sadhengah jago, bêcik, watêke gêdhe atine. 6. Yèn laring sanggan buntut, iya iku wulu kang manggon sangisoring buntut lan lancur, arêpe mangkurêb, turut lan arêping lancur, diarani: sangkur, manggona sadhengah jago, bêcik, watêke gitike santêr, sikile panggitike panas.

--- 3 : 1619 ---

7. Yèn ing suwiwi utawa ing buntut ana wulune kayadene bobat, manggona sadhengah jago, bêcik, dadi panitikan jago wiyana.

--- 3 : 1620 ---

Jogèd:

Ing ngisor iki araning jogèd:

1. Dhadhap alus. 2. Dhadhap kanoman: rangsang Tuban 3. Dhadhap kreta: sêgaran. 4. Panji nom: sobrang. 5. Panji tuwa: lèngkèr (sijèn). 6. Panah cilik. 7. Panah gêdhe. 8. Lawung cilik. 9. Lawung gêdhe: êmbat-êmbat panjalin. 10. Gêlas cilik: kagok Madura. 11. Gêlas gêdhe. 12. Parase. 13. Tamèng bôndabaya: bindri. 14. Gada: bôndawala: kêbogiro balik. 15. Dhêndha, bôndawasa: dhêndha. 16. Tamèng glèlèng. 17. Tayungan. 18. Nayuban.

Laguning jogèd kaya ing ngisor iki:

1. Grudha naladhung, jogède pêpêthan ratu lan satriya kang lagu alus, tumraping polatan mripat dhondhongan. 2. Doran kêtangi, jogède pêpêthan ratu lan satriya kang lagu alus, tumraping polatan mripat liyêpan. 3. Kalang kinantang, jogèd lagu kasar, iya iku jogède wadyabala, tumraping mripat dhêlèn, utawa thêlêngan. 4. Kambêng, jogèd lagu kasar, iya iku jogède wadyabala tumraping mripat thêlêngan, dugangan, para raksasa kalêbu ing lagu kambêng. zie Brm.1836.no. 48

--- 3 : 1621 ---

[Dhandhanggula]

kipat-kipat tangan ukêl tangkis / dariji gêtêr ambuntut landhak / andhêngklang mênthang mathènthèng / maju banyak salulup / anggêdindang lambung klak-angklik / pacak gulu ejlegan / maju manggut nyanguk / angêpyah akicat-kicat / kêplok tangan lêmpang aniba ginonjing / akiprah gidrah-gidrah //

pangadêge andoran katangi / jaja mungal anjunjung widhangan / awal wilan jêmpolane / miwir sondhèr angrajung / angapipir sondhèr kumitir / mingsêd wêdhi kèngsêran / jôngga nglunging gadhung / jariji gêtêr kêjêran / mênthang asta andhêngklang gandhewa gadhing / atanjak ngêbo mênggah //

ngikal namsir sondhèr anarisig / nyidhang nurung lumaras sigêgan / anguntap pacak gulune / mêmagêl egol lambung / aklimbangan ula ngêlangi / raras mundur amanggang / anglonging dhêdhêngkul / tungkak ambekat tumapak / tanjak pacak gulu pêksi angêlêdi / rinambah bêksa kêmbang //

zie Cênthini Lêmbuasta.

2. kw. wibaksya, patrayuda, dhapala, mataya, bêksa, ngigêl, ngibing. 3. Wiwite ana wong jogèd saka para dewa, karsa bêksan lenggot bawa zie lenggot bawa, sinangkalan: ngèsthi rasaning janma (168). 4. Pangantèn nganggo pasamuwan jogedan, iku miturut agama Brama. P.R.II. 32-9 v.o. 5. Zie tayup.

Jagasura:

zie abdi dalêm prajurit letl.l

Jagasura:

zie abdi dalêm kapatihan letl.c.

Jagasatru:

1 zie abdi dalêm kapatihan letl.d. 2. Ciri Jagasatru, unyêng-unyêngan jaran manggon ing bathuk jèjèr ngisor loro dhuwur loro, watêke bêcik bangêt, yèn ginawa prang kang nunggangi: slamêt, mungsuhe wêdi asih, kalis ing gêgaman. 3. Zie jagamungsuh.

Jagal:

1. zie abdi dalêm jagal. 2. zie srandu kêbo sapi.

Jêglon (Pajang):

Radèn Ayu Martadipa? sumare ing kono, olèh paring dalêm sadranan.

Jagal sudagar:

zie abdi dalêm sudagar.

--- 3 : 1622 ---

Jugulmudha:

patih raja gusti ... zie P.N.no.5

Jagapura:

Abdi dalêm prajurit jagapura kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, gêgamane bêdhil, pajagane ing alun-alun kidul, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.VI (Ambanguntapa) têgêse jagapura rumêksa kadhaton.

Jagapraja:

Abdi dalêm prajurit jagapraja kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, gêgamane bêdhil, pajagane ing alun-alun kidul, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.VI (Ambanguntapa) têgêse jagapraja rumêksa nagara.

Jagapraja:

jaksa ngabèi ... zie P.N.no.49.

Jagamuka:

zie gajah.

Jaga muksa:

Unyêng-unyêngan jaran ana ing bathuk, raju bêcik.

Jagamasan:

zie abdi dalêm Sragèn letl. d.

--- 3 : 1623 ---

Jagabraja (= dorapati):

zie abdi dalêm prajurit letl.k.

Jagung:

1. Ing tanah Amerikah Sarikat akèh pamêtuning jagung, nalika ing taun 1398. Wêtune jagung ing kono ana 710 yuta H.L. Ambaning patêgalan 31 yuta H.L. rêgane f 150 yuta rupiyah.

Katabêrène wong ing tanah Amerikah angungkuli katabêrène wong ing tanah liya-liyane, mulane wonge akèh kang sugih-sugih.

Ing tanah Prangkrèik wêtuning jagung sataun-taune ± 10 yuta H.L. ing tanah Amerikah nganti 925 yuta H.L.

Nalika taun 1866 wêtuning jagung ing tanah Amerikah lagi 320 H.L. saiki wis tikêl têlu, dadi lagi sajrone 30 taun, jagung ing tanah Amerikah dadi dagangan gêdhe.

Wis têtela katabêrène wong tanah Amerikah anandur jagung, saya lawas sangsaya akèh, kêpriye mungguhing tanah Jawa.

Panganggêpe wong Jawa tanduran jagung dianggêp tanduran rèmèh, ora pati dipêrlokake, sarta ora kadadèkake kayadene tanduran pari, malah sing gêlêm mangan sêga jagung diarani nistha utawa asor.

Satêmêne jagung iku paedahe prasasat padha karo pari, awit kêna ginawe panganan rupa-rupa.

Awit saka iku luwih prayoga wong Jawa angêncêngake panandure jagung ing patêgalane kang ora koncoran banyu kali.

--- 3 : 1624 ---

2. Jagung, wong ing desa ngarani: boga, mulane têmbung: boga mau dadi K.D. iku ditandur ana ing patêgalan tanah ngare, utawa tanah pagunungan, panandure ing môngsa labuh kapat, yèn wis patang sasi kêna diundhuh, mung jagung dhewe kang padha lan rijêki, kêna ginawe sêga jagung, utawa digodhog lan mung dikropok bae tuwin diolah liya-liyane ginawe lawuhan utawa panganan. Wit jagung aran: têbon, siwilan, utawa jagung wurung aran: jantenan, tapihe aran: klobot, gagang utawa tancêbaning jagung aran: janggêl, jagung nom aran: mênir, rambute aran: rèwès.

3. zie wit. 4. Kw. anjagung, jaagêng, jaagung, jagyanga, boga. 5. Wiwite ana wong nandur jagung, jarah, juwawut enz. saka Jakapuring, sinangkalan: tanpa swara urubing dahana (370).

Jaba:

abdi dalêm jaba, bumi, sèwu, panumping, gêdhe, pasebane ing pagêlaran, patunggukane ing paseban pakapalane dhewe-dhewe, kuwajibane: pajangan, pasisiran, watêsan enz.

Jabon:

zie kimpul.

Jibon:

' = wawa, pasabane ing alas pulo Malakah, utawa tanah Indhu ngarêp, mangan wowohan.

Jabrisan:

wangsalan Tjent. janma godhèg brêngos capang.

Jèbrès:

zie abdi dalêm Surakarta letl.b.

Jêbug:

zie wit (jambe).

Jêbug awuk tanpa jalu:

' = taun 0001.

--- 3 : 1625 ---

Jabung:

Jabung iku damar sela digodhog karo bubukan bata, adonane: damar sela têlung takêr, bubukan bata rong takêr, nganggo lênga klêntik sawatara. Pambukaking barang kang tumèmplèk ing jabung sarana dipanggang ing gêni prapèn, kayadene kêmasan.

1. Jabung kang kanggo lambaran natah cawèn kudu atos. 2. Jabung kang kanggo lambaran natah jêro, jabung lêmês. 3. Jabung kang kanggo natah wudulan, jabung nyêmlèk.

Nglêmêsake jabung iku dikèhi lêngane.

Pangêlaring jabung ana ing blabag cilik aran: undhan-undhan, iku kang bakal ditèmplèki blebekan barang kang bakal ditatah, kaya ta: pêndhok, blongsong pêdhang, lopak-lopak, lancang, tutup guling sapêpadhane.

Jêbêng (jogèd):

Jogèd jêbêng pangajarane tumbak-tinumbak, iku anggite Panji Inokartapati nalika taun 1125 zie Kartapati letl.b.

Jatha:

zie gêni.

Jêng Kw.:

umpak, suku, sang jêng, riwa- riwa.

Jung:

(W.H.) têgêse: dhêngkul, iku kaperang dadi patang karya, kadadèkake siji wong, tandhaning karya diarani: bau, dadine sajung mau nganggo gana wong papat, sabên wong siji sebane kanthi anggawa dhuwit sasuku = 6 wang, minôngka urun marang lurahe gone ngingoni sajrone malêbu. Lêbune sabên kalamôngsa taun, ngiring bêkêle ngaturake ulupêkti = bulubêkti spr, pajêg sapanunggalane.

--- 3 : 1626 ---

Jagaripu:

Wangsalan Tjent. pêrang pupuh.

Jagaraga:

Pangeran ... zie Kuthagêdhe no.47.

Jagokarang:

Iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.

Jagad:

zie srandu kêbo sapi (unyêng-unyêngan).

Jagad Kw.:

rat, pramudita of paramudita, rat katyawan, rat kotyama, paramotama, rat wiryawan, paramosita, rat prasaddha, paramosesa, rat pramorêdya, paramongsesaya, rat pramoditaya, paramosadha, wêrtika, jagad tri, wartya, jagad traya, lokika, ba (bu) wana.

--- 3 : 1627 ---

Jung:

Bau mau lawase olèhe malêbu sapasar = 6 dina, dadi ing dalêm sadina pangane kapanci wragad suwang, wong karya mau banjur katêlah diarani: bau suku.

2. zie srandu kêbo sapi.

Jong Kw.:

grêbong.

--- 3 : 1628 ---

Jangan:

Araning jangan kang muni ing layang Tjent. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambangraras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki:

asêm, cupang, kare, kuwah, kalamuncang, windu, loncom, ladha, lotho, pindhang abang putih, pindhang antêp, pindhang ece, pindhang oyod sungsum, pindhang kikil, pindhang kijing, pindhang keyong, pindhang tangkar, pindhang pitik, pindhang gêrèh, pindhang banyar, pindhang banyak, plêpah, padhamara, dhakowan, dhublêg = gudhêg, mênir, masin, manggul, gule, gudhêg = dhublêg, bênce, bècèk, bobor, bubus, bothok, jangan mênir zie sêga golong.

Jangkar (kawruh êmpu):

Sapa kang nganggo wêsi jangkar mêsthi gêdhe atine, karêpe dadi senapatining prang, dèn wêdèni sanak sadulure.

--- 3 : 1629 ---

Jangkrik:

Kawruh jangkrik.

Jangkrik iku bangsaning kewan gumrêmêt, kang asikil nênêm, panunggalaning gangsir lan orong-orong, sawênèh angarani bangsaning walang, amarga bisa mabur.

Cacahing jangkrik iku kang wis kasumurupan jênênge kaya ta: 1. Jangkrik adon, 2. Jangkrik bêring, 3. Jangkrik cêthithèt, 4. Jangkrik upa, 5. Jangkrik jalarang.

Lan ana jangkrik manèh cilik-cilik, rupane kaya jangkrik bêring, nanging ora ana kang sumurup jênênge.

Jangkrik samono mau kang kêna diadu mung jangkrik adon, bêring lan cêthithèt sapanunggalane mau yèn didu wêtuning kawanène suwe, sarta ora pati gogot, dadi kurang ambungahake marang kang ngadu, mula kang mêsthi didu sarta nganggo ditotohi, mung jangkrik adon.

Saranduning jangkrik adon mau kang wis kasumurupan jênênge, kaya ta: 1. Badan, 2. Êndhas, 3. Cêngêl utawa kalung

--- 3 : 1630 ---

4. Untu, 5. Lar, 6. Sikil, 7. Sungut, 8. Mripat, 9. Topèng, 10. Tumpi, 11. Kucur, 12. Jubur.

Sarandu samono iku kang wajib ditêrangake kaya ing ngisor iki:

1. Untu, uga kêna diarani cangkêm, utawa cangap, cacah 2 sisih, yèn mangap nisih, untu kang ngarêp siji sisih rupane nyanthuk, nganggo ri pandhan, kang buri siji sisih cawang 2, kang ngarêp diarani antup, kang buri diarani kêmbang kacang. 2. Sikil kang buri dhewe siji sisih, diarani suthang. 3. Lar 2 jaba jêro, padha tangkêban, kang jêro nganggo wiron. 4. Topèng, manggon sadhuwuring untu kabênêr têngah, rupane bundêr, kanggo tutuping untu. 5. Tumpi, satêngah kaya sungut, cacah 2 sisih, kang siji sisih ana ing janggut, kang siji sisih ana sajabaning untu kêmbang kacang. 6. Kucur, manggon ana sakiwa têngêning jubur.

Lar utawa ulêsing jangkrik.

a. Jlithêng. b. Jrabang. c. Jragêm.

a. Kang diarani jlithêng iku, badan sikil êndhas lan cêngêle padha irêng, mung orok-oroke kuning utawa putih, orok-orok iku tancêbing lar kang jaba.

1. Kang irêng tuwa diarani jlithêng, utawa jlithêng tuwa. 2. Kang irênge nom, sikil lan suthange sulak abang, diarani jlithêng godhong plasa, sawênèh angarani jlithêng godhong jati. 3. Kang irênge sêmu biru diarani jlithêng godhong kêmbang tlasih.

b. Kang diarani jrabang iku êndhas cêngêl badan irêng, lar kuning, sikil suthang kuning sêmburat irêng, utawa kang êndhas lan cêngêle abang byur, utawa mung sêmburat abang.

1. Kang êndhas lan cêngêle irêng, lare kuning sêmu rêgêd, diarani jrabang dêbog bosok. 2. Kang êndhas lan cêngêle irêng sêmu abang nganggo dalèr pating glalêr diarani jrabang gupila. 3. Kang êndhas lan cêngêle abang sêmu irêng, diarani jrabang cina. 4. Kang êndhas lan cêngêle abang byur, diarani jrabang kêmbang krokot. 5. Kang êndhas lan cêngêle irêng sêmu abang, lare kuning sêmu putih, diarani jrabang kêmbang janti.

c. Kang diarani jragêm iku, êndhas cêngêl badan irêng, lare abang sêmu irêng, sikile abang sêmburat irêng.

--- 3 : 1631 ---

1. Kang akèh sêmune irêng, diarani trasèn. 2. Kang abange sêmu kuning diarani kêmbang bayêm, kêmbang bayêm iku warna 2 tuwa lan ênom.

Pamilihing jangkrik kang bêcik.

1. Badan kang dawa kang gilig. 2. Êndhas kang bêndhul, sadhuwuring topèng kang dêngkèng. 3. Kalung kang ômba, sarta kang adhapur gilig. 4. Sungut kang cêndhak gêdhe wangun ambêmbêng. 5. Untu kang kandêl kang kuwung sarta landhung. 6. Angap kang ômba. 7. Suthang kang dawa. 8. Kucur kang gêdhe.

Jangkrik kang dadi tampikan.

1. Jonjong, jonjong iku angape ciyut. 2. Jonjong garu, yaiku angape ciyut nanging landhung. 3. Kodhik, têgêse untune kandêl tipis, utawa dhakwa, utawa dhelik.

Pangopèn utawa pangolahing jangkrik.

Wiwit olèh banjur diêntul, êntul iku walêsan cilik, orane iya sada, pucuke dicancangi bolah lêmbut ditêkuk, kira-kira rong kilan dawane, nganggo kasindhêt ing lintingan daluwang, utawa bongkoting lar pitik, patraping pangêntul, lar kang jaba dilêbokake ing kolongan bolah têkukan mau, banjur disindhêti lintingan daluwang utawa bongkoting lar pitik, walêsan iku nuli dislêmpitake ing gêdhèg utawa ing kepang, utawa ing panggonan liyane, suwene pangêntul sadina sawêngi, yèn angudhunake kang prayoga wayah esuk, banjur dirambang banyu tawa ing gêlas utawa ing tuwung, nganti satêngah mati, sawuse kaêntas, kadokok sadhuwuring tutup bumbung, kadhèdhèkake, banyune kang pating parêntul ana ing lar utawa ing êndhas sapanunggalane, disulaki kili kapuk, manawa jangkrik wis kosot angêsat banyu kang ana ing badane, banjur diurus-urusi, iya iku dipakani godhogan bêton tanpa uyah, yèn jangkrik wis suwe gone kapanasan, nuli kalêbokake ing bumbung bukakan, sawatara suwene bumbung katutup, sarta banjur kasimpên. Jangkrik mau sabên esuk dibun-bunake, banjur didhèdhèkake, lan ing sabên têlung kesuk sapisan kudu dirambang, lan ing sabên sore jam 1/2 8, diumbar ana sadhuwuring bumbung, nganggo dikilèni diubêngake, utawa didumuki sungute supaya ngoyak, lan kala kadhing kudu dilothong, pangumbare mau yèn wis sawatara nuli kawadhahan ing bumbung sarta kasimpên.

Ing sabên ngumbar esuk sore mau ngiras dipakani, dene pakaning jangkrik kudu solan-salin, [solan-sa...]

--- 3 : 1632 ---

[...lin,] awit jangkrik iku kêmban.

Dene pakaning jangkrik iku mung saka panêmune kang ngingu, kang bisa agawe sarasing badan, rosa, atosing untu, lan tahan panyakote, kang wus disurupi para dhêmên ngadu jangkrik, kaya ta:

1. Kumbu, utawa satru koya, iku agawe sarasing badan. 2. Kajar dipipis mêntahan, diwor lan upa, iku agawe tahaning cakot. 3. Iwak atining kêbo mêntahan, iku agawe kuwating badan. 4. Êndhas ula kape, nuli kagorèng sangan, banjur kabubuk, diworake ing upa, kumbu utawa satru, iku agawe atosing untu.

Liya saka iku, kaya ta bubukan bendha, senthe sapanunggalane, iku iya kanggo, pamurihe agawe patang prakara kaya ing dhuwur.

Sawuse diêntul mau, lêt sapasar diêntul manèh, sadina, utawa sawêngi, awit manawa diêntul luwih saka sadina, jangkrik lêsu, kuwanène kurang. Lêt sapasar manèh utawa luwih, lagi kêna didu, samono mau kudu angawasake kasarasan lan kuwanèning jangkrik.

Tandhaning jangkrik kang wis kêna didu.

1. Tutut. 2. Sênthèt, sênthèt iku yèn didumuk kili kiwa têngên mubêng, yèn dikili sungute nyandêr. 3. Wêtêng sêmèlèh. 4. Sungut kêrêp obah.

Tandhane kang durung kêna didu.

1. Wêtênge blêndhing, adat duwe lara cacingên. 2. Nyêthili, nyêthili iku kurang sênthèt, yèn didumuk kili sungute panyandêre grag-grêg.

Cacading jangkrik.

1. Yèn untu gêdhe, yaiku untu ngarêp, utawa rine pandhan ora ana, sêmpal utawa rimpil, diarani bowal. 2. Yèn untune buri, antup utawa kêmbange kacang tugêl, diarani siwar. 3. Yèn suthange ilang siji diarani gothang. 4. Yèn suthange loro pisan ilang diarani brumbung suling. 5. Yèn sikile ngarêp ilang siji utawa luwih, diarani kojèl. 6. Yèn sungute pugut nganti cêndhak, diarani picak, jangkrik iku satêmêne duwe mripat, nanging jênênge cacad picak yèn pugut sungute. 7. Yèn lare kang jaba dijêbol, utawa sêbit [sêbi...]

--- 3 : 1633 ---

[...t] diarani sotrèk. 8. Yèn lare kang jêro ilang diarani: bukur. 9. Yèn jangkrik mau sikile isih ganêp, diarani rangkang.

Cacad samono mau kang banjur dadi guwakan, ora kêna didu bowal lan siwar.

Pirantine ngadu.

1. Kili, kili iku kêmbang sukêt kang jênêng rêmbyang, digarani sujèn cilik, bongkote sagagang rèk, pucuke mêthit, kadokokan rêmbyang 7 utawa 8 lêr, ditalèni sêrat. 2. Tulang, tulang iku pangadoning jangkrik, kayadene kothak, adêge patang wadana kaca kabèh, ngisor balabag, ambane sakilan, dawane 2 utawa 2 1/2 kilan, dhuwure rong têbah, ing jêro kasinggêt kaca têlu, ing têngah lan sacêdhaking wadana kang cêndhak, siji sisih kapara mèpèt, singgêtan ing têngah diarani tambêng, singgêtan siji sisih kang kapara mèpèt mau kanggo wadhah unthul, unthul iku jangkrik kang dianggo kalahan, singgêtan kang têngah kanggo nyinggêt papaning pangadon.

Patraping ngadu.

Yèn jangkrik wis ditandhing rampung, loro pisan kalêbokake ing tulang kang disinggêt ing têngah, jangkrik unthul kang ana singgitansinggêtan. mèpèt panyêndhaking wadana mau kalêbokake panggonan jangkrik kang arêp didu, singgêtan kajunjung sathithik, unthul kacuthik ing bongkot kili, jangkrik kang arêp didu banjur dikilèni, sarta dioyakake ing unthul, yèn wis katon mêmpêng singgêtan panggonan unthul kajunjung, unthul kabalèkake ing panggonane, sawise kang padha ajon-ajon totohan rampung, kang botohi ngajak bukak tambêng, jangkrik banjur wiwit katuntun ing kili marang têngah, nuli kaêdu, yèn wis têtela kalah salah siji, kang jangkrike mênang banjur nutup tambêng.

Wong ngili kudu awas mênyang jangkrike, yèn jangkrike kira-kira wani cakot, pangiline narungake nganti cêdhak mèh gathuk, utawa jênêng ditadhahake, yèn jangkrike kurang wani cakot, amarga kalah cangap lan kalah kandêl sarta landhunging untu, banjur ditumbakake, numbak iku nyrudug angagètake, patrape jangkrik dikili kiwa têngên, diubêngake, diblêbêg nanging kapêpêg, supaya mêmpêng, yèn isih kurang mêmpêng diubêngake manèh, yèn wis mêmpêng mêtu kanêpsone, kurang satêbah gathuke lan mungsuh, diinggati kili, panduduting kili mangarêp. Yèn tarung gogot, môngka wêruh yèn jangkrike mungsuh kalaran untune kang kiwa, jangkrike dhewe dikili manêngên sawatara, supaya nyakot untune jangkrik mungsuh kang kiwa, yèn jangkrike mungsuh lumayu sêmu wêdi, jangkrike dhewe kaoyakna kang rikat, patrape sunguting jangkrik dikili diajokake, disandêrake sarta diwêruhake panggonaning mungsuhe, kosok baline kang jangkrike kalah, aja kêndhat ênggone ngili, supaya mêtu kuwanène.

Kanakalaning pangili, gêpyokake kili marang mungsuh, ngadhangi mungsuh, durung rênggang sawatês jangkrike didumuk kili.

--- 3 : 1634 ---

Watêsaning ngili, yèn jangkrik uwal tarunge, lêt têlung nyari banjur kakili.

Kalahing jangkrik.

1. Pêthat kaping 3, kalah. 2. Ngetung bola-baline marang panggonane nalika kalêbokake, kaping 3 kalah.

Sing diarani pêthat iku yèn jangkrik tarunge cakot, môngka suthange duwa mungsuhe, banjur wal.

Bola-bali mau upama ana lor, banjur tarung, sanadyan ora pêthat, mung tumbakan, banjur mlayu, nganti bola-bali kaping 3, iku wis dikalahake, tambêng katutup.

Jangkrik kang mêntas didu mênang, asring katutuh, iku bobot timbang ana kang jagoi,jagoni. yèn mênange ora rêkasa, iya wajib diwanèkake, yèn mênange rêkasa, utawa mêrgak, kudu ora diwanèkake, kang jênêng mêrgak iku nalika mênange ora pati grêgut kuwanène, dikili banjur kêmba.

Jangkrik kang mêntas didu, banjur kaosèr-osèrana talutuh jarak untune, lan sajêroning bumbung disèlèhana godhong jarak, pamurihe tumuli nyirnakake linu.

Yèn mênang kêrêp ditutuh, utawa rêkasa mênange, sabubare kudu diêntul manèh sapisan, sadina sawêngi utawa kurang, dadi diulihake mênyang bakal manèh, sapuluh dina utawa luwih lagi kêna didu.

Jangkrik kang mêntas didu yèn kurang pamangane adat dadi edan, apêse clilêng, utawa kêmpyang, tandhane jangkrik edan iku kuwanène luwih, yèn dikili ora ngêrik, lan ora mangap, tandange lunyu sêmpoyongan, sungute tansah obah nalosor.

Clilêng iku satêngah edan, tandhaning clilêng tandange kaya edan, nanging gêlêm ngêrik lan mangap.

Kêmpyang iku satêngah clilêng. Kajaba kurang mangan, kadadeaning kêmpyang têrkadhang saka mêmpêng marang tarungan, môngka suwe ora tarung, iku banjur dadi kêmpyang.

Jangkrik edan iku yèn didu suwe kalahe, nanging kang akèh ora bisa mênang, awit tanpa nyakot, mung nguyêg-uyêg bae, yèn dicakot mungsuh pêthat lumayu, dikili wani manèh, môngka ngadu jangkrik ngetung pêthat, dadi kalahe saka watêsing pêthat.

Yèn cêlilêng isih akèh kang mênang, awit nganggo nyakot, lan mungsuhe akèh kang kalah dening diuyêg-uyêg, lan asring kêna cinakot sikil sarta suthange nganti prothol. Jangkrik kêmpyang uga mangkono.

Panandhinge jangkrik.

Kang wis lumrah anandhing jangkrik iku ora nganggo bukak cangkêm, (ngili nonton ômba ciyuting cangkêm), dadi rada angèl gone ngira-ira, mula panandhinge, [pana...]

--- 3 : 1635 ---

[...ndhinge,] mung gêdhe dawaning badan, êndhas, cêngêl, lan dawa kandêling cangkêm, yèn cangkêm mau ditonton saka ngarêp dawa lincip, adate cangape ômba, untune landhung, yèn ditonton saka ngiringan kandêl, adat untune iya kandêl, yèn kang nandhingake wis padha wanine, jangkrik 2 iku padha disèlèhake sadhuwuring tutup bumbung kajèjèr, nuli kaubêngake marang kang arêp anotohi.

Jangkrik iku umure wiwit nêtês saka êndhog mung patang sasi, umur rong sasi utawa luwih sathithik lagi mêmpêng, yèn wis luwih têlung sasi: lungse. Tandhane jangkrik nom, rike thur-thur ora bêning, untune abang sêmu putih. Tandhane jangkrik mêmpêng, rike bêning, untune abang sêmu wungu. Tandhane jangkrik tuwa, rike kêthèr, jalaran saka kandêling lar, gilaping lar êndhas lan kalung kurang, têrkadhang rining sikil ilang mrèthèli.

Yèn jangkrik isih nom didu, cakote kurang, lan untune ringkih, awit isih êmpuk. Kang prayoga jangkrik mêmpêng. Yèn wis lungse panyakote kurang rosa, dalah badane iya kurang rosa.

Jangkrik iku kang prayoga ngingu wiwit talondho, talondho iku nglungsungi kaping têlu babar dadi jangkrik, wiwit nêtês lêt 15-16 dina nglungsungi sarta banjur mundhak gêdhe, lêt 15-16 dina manèh nglungsungi, saya wuwuh gêdhene, lêt 15-16 dina nglungsungi manèh babar dadi jangkrik, sabên anglungsungi lungsungane dipangan dhewe, yèn arêp anglungsungi mêsthi mênêng kayadene mati, sarta badane busik, ora antara suwe anglungsungi, kang pêcah dhisik êndhase, anggumunake bangêt prakara sungut, sanadyan pugut nganti pundhês, kang akèh banjur dadi dawa, mung yèn gothang utawa kojèl: lêstari.

Yèn talondho arêp babar dadi jangkrik, wiwit mênêng aja nganti ditonton, awit adat yèn kamanungsan ora bisa ganêp dandanane, kaya ta: lar, sikil, utawa sungute rusak. Wiwit talondho pakane mung cukup krokot, dipakani upa iya prayoga, mung pakan kang agawe kêkiyataning badan ora susah, awit agawe suwene gone nglungsungi.

Yèn talondho iku wis babar dadi jangkrik, pakane lan pangopène dipadha karo jangkrik tuwa, nanging sadurunge sapasar ora kêna dikili cangkême, awit yèn kêrêp kabukak untune bakal lêmbèk, yèn wis sapuluh dina lagi kêna dibukak cangkême, sarta wis kêna diêntul, pangêntule kang ditalèni dudu lare, dhadhane saantaraning sikil kang ngarêp dhewe lan buri, dadi bolah anggubêd ana ing buri kalung, disawang saka dhuwur uga kaya yèn ditalèni lare, mula dudu lare kang ditalèni, awit lare lêmês, seje karo jangkrik umbaran, dadi pamurihe supaya ora rusak [ru...]

--- 3 : 1636 ---

[...sak] lare, pangêntule mau iya sadina sawêngi, lêt sapasar diêntul manèh, sadina utawa sawêngi, yèn wis salapan dina saka babare dadi jangkrik, wiwit kêna didu.

Jangkrik kang lagi diêntul iku satrune: kêmôngga, cêcak, coro, klabang, lan lawa. Kang gawe laraning jangkrik, lênga Jawa, petroliyum, lan bangsaning lênga wangi dhèdhès sapanunggalane.

Wadhahing jangkrik.

Kang prayoga dhewe kanggo wadhah jangkrik iku mung bumbung, èdi-èdining bumbung kang wis kalumrah: 1. pring tutul, 2. pring ori diilangi kulite, banjur dilingir cilik-cilik, buntêtaning ngisor lan tutuping dhuwur, kayu nôngka, jati utawa kayu surèn kang ginawe kothak srutu, tutup mau kagawe tlobèh sawatara, supaya yèn kanggo ngumbar ora bisa grêmêt mudhun. Bumbung iku sabên esuk dirêsiki, sukur buntêtan ngisor mau bukakan, dadi sabên esuk kêna dikumbah, utawa disrêbèti.

Pandokoke bumbung-bumbung mau prayoga kajèjèr, yèn katumpuk kurang prayoga, awit jangkrik kang mêmpêng môngka manggon ing ngisor, iku yèn ngrungu rik banjur anggolèki, suwe-suwe nacah tutup, utawa buntêtan ngisor, andadèkake kêthuling untu, utawa bowal.

Tanahing jangkrik.

Tanahing jangkrik kang bêcik iku kang wis misuwur ing Pajang lan Branjangkawat (Baki), Kêdhungmaling (Cêmani), kang wis padha disumurupi kang bêcik iku wêton ing Kramatan, lan panggonan kang wingit-wingit, yèn wêton ing têgalan manawa lêmahe ladhu, utawa lêmpung, akèh kang bêcik, yèn lêmahe wêdhi grasak, kurang bêcik, awit untune akèh kang rusak, kanggo ngrikiti krikil.

Jangkrik iku ora nganggo môngsa, sabên dina ana jangkrik, mung yèn môngsa rêndhêng akèh jangkrik kang gêdhe-gêdhe, yèn katiga cilik-cilik, mula ana priyayi ngingu jangkrik wiwit umur 20 taun tumêka 50 taun, lumaku iki tanpa kêndhat, yèn môngsa ana adon -adon nganggo totohan iya ditotohi, yèn mangsane lêbar adon-adon mung kanggo rik-rikan, sarta didu dhèwèkan lan anak-anake.

Ngadu jangkrik iku kalêbu ambungahake ati, awit kêna ginayuh sarana langip, tuku jangkrik 1-2 sèn, kanggo totohan, 3-4 sèn, wis rame, kanggo totohan rupiyahan iya murwat lan pangopène. TamatTertulis kata tamat, namun pada halaman berikutnya masih ada hubungannya dengan jangkrik.

--- 3 : 1637 ---

Bab ngupakara jangkrik.

Jangkrik abênan.

Jangkrik abênan ingkang sae punika nêtêsakên piyambak, botênipun inggih ngingah wiwit talondho, manawi sampun babar dados jangkrik sampun ngantos dipun kilèni, manawi sampun lêt 10 dintên punika kenging dipun kilèni, sarta kenging dipun tingali untunipun.

Ngêntul.

Rikipun jangkrik nèm, punika ragi kêthêr ulêm, manawi sampun sêpuh bêning buntas, jangkrik ingkang sampun kenging dipun êntul, punika manawi sampun sêpuh, apêsipun umur 10 dintên saking babaripun dados jangkrik, wiwit ngêntul sapisan punika sadintên sadalu. Manawi mêntas dipun abên pangêntulipun namung sadalu.

Ngrambang.

Jangkrik punika enjing sontên dipun rambang sakêdhap, wontên toya tawa ingkang rêsik, ngêntas saking rambangan punika supados saya lulut, lajêng dipun lothong sakêdhap, lajêng kaumbar wontên tutuping bumbung, sarta dipun têdhani, dipun kilèni, manawi ngrambang enjing, lajêng dipun pe wontên ing tutup bumbung sakêdhap, lajêng kaeyubakên, sawatawis dangunipun lajêng kacêmplungakên ing bumbung.

Manawi enjing jam 1/2 5, dipun bun- bunakên, sukur kaumbar wontên rumputan, punika langkung prayogi, wiwit malêthèk surya kaêntas saha lajêng karambang sakêdhap.

Jangkrik ingkang badhe kalurugakên wanci siyang, enjingipun botên susah karambang, cêkap dipun bun-bunakên kemawon, awit manawi karambang lêsu, makatên ugi manawi kalurugakên dalu, sontênipun botên susah karambang, namung dipun têdhani sarta dipun kilèni kemawon.

Têdha.

Kala kina têdhaning jangkrik punika ingkang sae kumbu, punika têmên, namung sayêktosipun ingkang sae punika kacang tholo kagodhog, utawi kacang ijêm ugi kagodhog, tanpa gêndhis, sawênèh wontên ingkang rêmên ngangge têdhanan satru koyah, pangintên kula: satru tuwin kumbu punika namung kamanah kronehan godhog piyambak, dados mêndhêt gampil kantun tumbas, nanging kumbu tuwin satru wau pancèn kirang sae, awit lêgi, lêgining gêndhis punika asring damêl linu, sarta lajêng kirang doyan nêdha sanèsipun.

Jampi.

Jampi minôngka têtêdhan, bendha kagodhog, lajêng kabubuk, anggènipun makakakên, kadamêl giliran kalihan têdha sanèsipun. Ati maesa mêntah kacacah, punika ugi kangge giliran têdha.

--- 3 : 1638 ---

Sawêr ingkang mandi, kados ta: sawêr luwuk, dumung, bandhotan, enz. kapêndhêt sirah sarta pêthitipun, kagorèng sangan, manawi sampun garing lajêng kabubuk, lajêng kawadhahan ing gêbyas. Jangkrik ingkang mêntas kaêntul, punika katêdhanana bubukan sawêr wau, kaulêt kalihan kacang godhogan utawi satru pundi ingkang kangge têdha, sarta kakintên sagêd kathah panêdhanipun, rèhning sawêr punika mandi, manawi makakakên mawia sarana luthik, bubukan sawêr wau sabên tigang dintên sapisan katêdhakna, namung manawi jangkrik taksih nèm, botên kenging dipun têdhani bubukan sawêr, awit untu badhe bogèl, tawon tutur utawi suk, laripun jêne, agêngipun sajangkrik, karêm nyangkêrêm jangkrik, gangsir utawi orong-orong, punika ugi sae kangge jampi, patrapipun inggih kagorèng sangan saha lajêng kabubuk, anggènipun makakakên kados bubukan sawêr.

Jlarang, punika dayanipun sami kalihan tawon suk, sagêd angindhakakên karosan, pangolah sarta pamakanipun, kados tawon suk.

Jangkrik calilêng, kagorèng sangan lajêng kabubuk, dipun worakên bubukan tawon suk utawi jlarang, punika langkung sae.

Manawi jangkrik cacingên, wêtêngipun balêndhing, punika katêdhanana godhogan bêton, adat têlèkipun lajêng lêmês sarta enggal saras.

Wadhah.

Bumbung wadhah jangkrik, punika ingkang rêsik, mila enjing sontên kêdah dipun rêsiki.

Bumbung wau ingkang mêsthi tutupipun rapêt, pamurihipun botên dipun lêbêti sêmut, nanging têmênipun bab rapêt punika damêl lêsuning badan, mila manawi pirantos pangumbaran piyambak, prayogi ing wanci dalu sadalu pisan dipun umbar, namung ing wanci dalu amanipun lawa.

Ngili.

Jangkrik punika sabên kaumbar kêdah dipun kili, nanging manawi ngili sampun kêrêp-kêrêp angili cangkêm, awit kirang sae, adamêl lêmbèkipun pirantosing cangap, utawi kêlulutên mangap, dados grêgêting cakot kirang.

Ngabên.

Jangkrik ingkang sampun kenging dipun abên, punika manawi sampun sênthèt, dipun kili rikat pangoyakipun, prigêl, wêtêngipun sumèlèh mèpèt, manawi taksih mrêgak, dèrèng kenging kaabên, mrêgak punika manawi ngoyak kili grag-grêg, ingkang sae punika manawi sampun satêngah kêmpyang, kêmpyang punika satêngah clilêng, clilêng punika edan.

Bibar ngabên.

Jangkrik ingkang mêntas mênang kaabên, punika untunipun lajêng katutulana talutuhing jarak cina, supados nyarasakên linu, sarta lajêng kaêntul sadalu lêt 7-8 dintên sawêg kenging kaabên malih.

--- 3 : 1639 ---

Jangkrik Kw.:

rikrita, wiksuddha, jota. Wiwite ana wong ngadu jangkrik saka pramèswari Jonggrang, garwane Prabu Baka ing Prambanan, sinangkalan: buta sirna tanpa rupa (1005).

Jangkrik genggong:

zie gend.

Jungkat:

Jungkat iku kang ginawe sisiking pênyu sarta sungu lan tracaking kêbo, apadene kayu sawo sawênèh kuningan, utawa waja, tuwin gadhing nanging arang- arang.

1. Kêlap lintah, iku anggoning anake wong cilik, kang akèh wong desa utawa sudagar. Kang bisa: nganggo kalapis ing êmas, mawa tatahan sasênênge. 2. Panatasan, kang ginawe jungkatan natasake rambut. 3. Palêngkung gêdhe, kanggo ing priyayi gêdhe cilik, yèn durung diwasa dianggo cundhuk, yèn wis diwasa dianggo ikêt-ikêtan, mangkono uga wong cilik. 4. Palêngkung cilik, sok kanggo ing priyayi cilik yèn nuju kulukan, dadi ora katon mung ginawe [gi...]

--- 3 : 1640 ---

[...nawe] nyilakake rambut maruwun. 5. Jêruk saajar, iku kagêm ing panjênêngan nata, sarta putra santana dalêm kakung putri kang isih anèm. Lumrahe nganggo kapatrapan intên tumrap ing lapis êmas utawa sêlaka ana ing wêngkuning jungkat. Yèn kakung pangagême yèn nuju kulukan kacundhukake ana ing buri sadhuwuring tali rema, katumpangan utawa kagubêd palintiraning rema, nanging yèn kang ngagêm mau wis yuswa sêpuh, mung ngagêm lugas bae, ora nganggo pinatik ing sêsotya. Yèn putri kang durung krama pangagême yèn nuju dina pasamuwan, kacundhukake ana ing sundhulan, yèn wis krama ora ngagêm.

Kajaba putra wayahing ratu, pêpatih utawa bupati mantu dalêm, iya padha kalilan ngagêm, nanging lugas, ora kêna pinatik ing sêsotya, sarta yèn nuju malêbêt ing karaton: karucat. Wêwatone: kang wis kalilan ngagêm calana sarta ukup gubêg, iya kalilan ngagêm jungkat jêruk saajar.

Pangantèn wong cilik, kalilan nganggo apa agêm-agêmane panjênêngan nata, dodotan kaprabon sarta ngumbar kunca.

6. Giligan = gunungan, agême para putri: putra wayah buyuting ratu: sadurunge krama, sanadyan ana sajroning kadhaton, iya kalilan ngagêm, nanging canggahing ratu kalilane nganggo mung yèn ana ing

--- 3 : 1641 ---

jaba bae, yèn malêbu marang karaton kudu karucat.

7. Thekor panitis, mung kanggo ngêlus rambut, dudu piranti cundhuk.

Jengkol:

1. Zie wit. 2. Kw. jêring, bangunjring. 3. Wangsalan Tjent. sinjang kapêlak.

Jangkung:

1. Zie Kurupati. 2. Zie Lêsmana. 3. a. Kêris dhapur jangkung luk têlu, nganggo sogokan loro, tanpa kêmbang kacang tanpa grènèng, b. Kêris dhapur Pandhawa carita, luk lima, nganggo sogokan loro, nganggo kêmbang kacang, nganggo lambe gajah, gônja ing buri nganggo grènèng.

Kêris warna loro mau yasane Prabu Siyungwanara ing Pajajaran, kang kinon gawe Êmpu Mêrcukundha, sinangkalan: brahmana papat nêmbah Jawata (1248), c. Kêris dhapur jangkung luk têlu, nganggo kêmbang kacang sogokan banjur ri pandhan (kawruh êmpu).

Jongkang:

zie gend.

Jangkung kuning:

zie gend.

Jangkung pacar (kawruh êmpu):

Dhapuring kêris jangkung pacar luk 3, nganggo jenggot, kêmbang kacang, lambe loro,lambe gajah loro. sogokan banjur.

Jongmèru Kudus:

zie gend.

Jongmèru Bagong:

zie gend.

Janggan:

of jêjanggan zie pandhita.

Janggrung:

Janggrungan, tabuhane talèdhèk kang ambarang ing wayah bêngi, ingaran: janggrungan, arupa kêndhang lan trêbang.

Jonggrong:

zie bathikan.

Janggut:

1. zie srandu kêbo sapi. 2. zie katuranggan. 3. zie warôngka ladrang. 4. zie warôngka gayaman. 5. Kw. harguta, kêthêkan, padhagan, dhagu.

--- 3 : 1642 ---

Jenggot:

zie srandu kêris.

Jenggot Kw.:

dhagulata, jèbrès, bris.

Jenggot:

zie dhatu (5).

Janggêl:

zie srandu katuranggan.

Jênggala:

1. Zie kasatriyan. 2. Zie P.N.no.3. 3. Zie Titik.a. Lêmbuamiluhur, b. Inokartapati, c. Kudalaleyan (Pajajaran). 4. Zie sangkalan: janma ilang wulan tunggal 1101 Jimawal.

5. Zie kang jumênêng ing Jênggala. a. R. Subrata, putrane Prabu Kadhihawan ing Purwacarita, sasedane kang rama, nagara Purwacarita rusak, banjur jumênêng ana ing Jênggala [Jêng...]

--- 3 : 1643 ---

[...gala] ajêjuluk Rêsi Gathayu, sinangkalan: sirna tanpa rupaning janma 1100.

b. Prabu Lêmbuamiluhur, iya Prabu Jayèngrana, sinêngkalan: pujining janma nyôndra ratu 1117 Jimawal. c. Prabu Suryawisesa = Panji Kasatriyan = Asmarabangun = Inokartapati jumênêng nata, anggêntosi ingkang rama isih sugêng banjur magawan, sinangkalan: buta papat rupa tunggal 1145 Wawu. d. Prabu Suryamiluhur, nagara ing Jênggala kêlêm, ngalih kadhaton ing Pajajaran, ajêjuluk Prabu Maesatandrêman, zie Pajajaran.

Janggalana:

zie gend.

Jangglêng:

zie wit (jati).