Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 79, Stu Kli, 27 Rêjêb Ehe 1868, 2 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta - Wawasan Cêkak Bab Pamiyaran Menda Etawah ing Tanah Jawi - Gêgayutanipun Bale Pustaka kalihan Jaarmarkt Surabaya tuwin Knilm - Kawontênan ing Tiongkok - Candhi Barabudhur - Kêthoprak Mardiwandawa - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Nyakra Manggilingan

Têmbung nyakra manggilingan punika adhakan sangêt dados kêmbang lambe, thik-thik, ngucapakên nyakra manggilingan.

Tumraping panyuraos, wontên ingkang nganggêp, bilih gêsanging tiyang punika nyakra manggilingan, inggih punika akajêng, saupami ing sapunika gêsang dados kere, punika dipun wastani nuju dhawah ngandhap, têgêsipun wontên ngandhaping gilingan, wontênipun namung botên sakeca. Kosokwangsulipun manawi gêsangipun dados tiyang mukti wibawa, punika nuju dhawah nginggil, kajêngipun nuju wontên sanginggiling gilingan. Nanging sarèhning gilingan wau mubêng, dados wontênipun namung gêgêntosan kemawon. Dene manawi dipun lêbêtakên malih, ingkang dhawah nginggil utawi ngandhap punika jiwanipun, upaminipun Si Suta nuju dhawah ngandhap, punika salêbêtipun Suta gêsang, inggih wontên ngandhap kemawon, sagêd ugi benjing manawi tumitah malih gêntos dhawah nginggil.

Katrangan kados makatên punika sampun kenging kangge pangarêm-arêm, kajêngipun sagêd nyèlèhakên dhatêng panarimah.

Wontên ingkang gadhah pamanggih cêthèk-cêthekan, nyakra manggilingan wau inggih pinanggih wontên salêbêtipun gêsang punika, tiyang mlarat sagêd dados sugih, tiyang sugih sagêd dados kere, sadaya sarwa dipun sipati piyambak, dados inggih ngraosakên sakeca tuwin botên sakecanipun.

Wontên malih ingkang mastani, nyakra manggilingan punika cêtha dados gambaraning kawontênan ing donya ingkang têgêsipun angosokwangsul, sabên wontên bingah inggih wontên susah. Wontên malarat, wontên sugih. Sadaya wau dados kaca bênggala.

Manawi ngèngêti andharan ing nginggil punika sadaya, wos-wosipun ngrêmbag babagan ubênging nyakra manggilingan punika sami wontên kêkêncênganipun sadaya. Saupami wontên rekadaya ingkang kenging kangge sarana, botên sanès inggih namung angudi murih sagêd dhawahipun ing nginggil, upami tiyang kêmlaratan, antêping lair batos namung pados sagêda uwal saking klêmlaratanipun.kêmlaratanipun. Dene ingkang têbih sèlèhipun, ngrumaosi apês salaminipun gêsang, wosipun inggih namung ngudi, supados ing benjing tumitah dados tiyang ingkang botên apês.

Sarèhning rosaning rodha nyakra manggilingan kados makatên, saupami sumisih kemawon kadospundi, supados botên kangge mainan pun gilingan.

Cêkruktruna.

--- 1234 ---

Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta

Ing Kajawèn kêpêngkêr sampun ngêwrat gambar Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika rawuh ing Surakarta. Ing ngriki kados prayogi mratelakakên sakêdhik ing bab lampah-lampahipun.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana kanthi tuwan gupêrnur, wontên ing Sêtatsiun Balapan.

Ing dintên Rêbo tanggal 22 Sèptèmbêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh ing Surakarta. Nunggil dintên wau ing wanci enjing Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi mêthuk dhatêng Sêmarang minôngka ajudan dalêm. Lajêng bidhal dhatêng Surakarta nitih sêpur èksêtrah. Sadumuginipun Gundhih dipun pêthuk Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda tuwin Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, atas asma dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kanthi ajudan Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara, pêpatih dalêm tuwin sanès-sanèsipun.

Rawuh dalêm ing Balapan, Surakarta, dipun papag ing Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana kanthi tuwan gupêrnur. Lênggah wontên papan pakèndêlan ing sêtatsiun sawatawis. Salêbêtipun lêlênggahan, nampèni sowanipun para pangeran tuwin para bupati, prêlu sami ngunjukakên kasugêngan dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Jam 10.45 bidhal saking Sêtatsiun Balapan dhatêng [dha...]

--- 1235 ---

[...têng] gupêrnuran, dipun urmati ing mriyêmaning wadya lesiyun Mangkunagaran 31 rambahan.

[Grafik]

Ing nginggil punika: wingking: prajurit dalêm panyutra. Ngajêng: para abdi dalêm ingkang ngampil-ampil upacara kaprabon.

[Grafik]

Ing ngandhap punika gambaripun lampahing kareta titihan dumugi ing gupêrnuran.

Urut-urutaning lampah: ngajêng piyambak musik, lajêng prajurit karaton mangangge cara Jawi. Joli kêncana isi dhampar palênggahan dalêm ingkang sinuhun, dipun urung-urung waos. Musik tuwin barisan prajurit karaton, mangangge Jawi sapalih, mangangge cara Walandi sapalih, dipun tindhihi Bandara Pangeran Arya Cakrakusuma. Para abdi dalêm anjajari, ngêgarakên songsong. Barisan prajurit tuwin para abdi dalêm. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tuwin Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana, nitih kareta Kyai Garudha Kêncana, pangirid kapal Ostrali wolu, upacara kaprabon, dipun garubyug kapalêri têtindhih ritmistêr, sasisihing titihan dalêm, kolonèl komandhan prajurit kraton, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, mangagêm prajuritan Jawi. Kareta titihan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, dipun titihi paduka nyonyah gupêrnur jendral, tuwin kangjêng gusti. Para abdi dalêm kraton sami dharat. Ing wingkingipun, Kangjêng Pangeran Arya Mataram, tuwin Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, sami ajudan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana. Barisaning prajurit malih. Otonipun para pangeran tuwin para tuwan-tuwan amtênar Walandi. Pungkasanipun kapalêri saking Salatiga, têtindhih ritmistêr.

Sadumugining gupêrnuran dipun urmati mriyêm.

Badhe kasambêtan.

--- 1236 ---

Bab Rajakaya

Wawasan cêkak bab pamiyaran menda Etawah ing tanah Jawi

Saking pamanggih kula bab punika prayogi kaandharakên ing udyana Kajawèn, sabab kathah paedah kangge ular-ular, utawi inggih kangge waosan.

[Grafik]

Menda jalêr Etawah

Mênggah menda Etawah punika sampun kathah ingkang nyumêrêpi, inggih punika menda wijilipun tanah Etawah, tanah Etawah punika manawi ing kar kasêbut: Voor-Indie, yèn bôngsa Jawi anggènipun mastani tanah Bênggala, pramila menda-menda saking Etawah inggih lajêng karan menda Bênggala.

Bôngsa pribumi rêmên dhatêng menda makatên punika, awit pawakanipun langkung agêng, mêdal puhanipun, sarta dipun pêndhêt turunipun kajodhokakên kalihan menda Jawi sagêd mikantuki, punika ingkang anjalari karêmênan wau.

Kadosdene menda-menda bawah Têgal Pêkalongan, kapetang sampun angsal turunan sae saking menda Etawah wau. Ing ngriku kathah menda turunan ingkang sampun winastan pranakan tulèn, punika wujud pawakan ulês sarta wulu inggih sampun Etawah, ananging ingkang dèrèng tulèn wau taksih sok katitik saking kupingipun. Inggih lêrês kupingipun sampun nglawèr, ananging lêmpitanipun kuping dèrèng sae. Ingkang tulèn lêmpitanipun methok mangajêng, ananging ingkang kirang tulèn wau, kupingipun taksih mêgar sarta êmèk-êmèkanipun botên ambaludru lêmêsipun.

Rèhning pribumi ngriki sampun katingal cocog, mila parentah paring pitulung majêngipun pamiyaran menda Etawah wau. Bab punika sagêd kasumêrêpan anggènipun parentah rambah-rambah utusan mundhut minôngka bibitan. Menda ingkang nêmbe dhatêng lajêng dipun tahan samantên dintên, wastanipun dipun quarantaine. Prakawis punika pikajêngipun ihtiyar sampun ngantos tanah ngriki klêbêtan wijining sêsakit ingkang nular, ingkang sagêd anjalari karisakaning pamiyaran. Manawi ngantos sakit ingkang gampil dhatêng pêpêjah sampun tamtu badhe nuwuhakên kapitunan agêng. Pramila bab quarantaine wau katindakakên langkung kêncêng, murih wilujêngipun.

Menda pranakan limrahipun ing Têgal winastan thokol, ing liya panggenan winastan: gêmbolo, [gêmbo...]

--- 1237 ---

[...lo,] wontên malih: bligon, punika kula kirang mangrêtos sababipun.

Prakawis thokol, turunan ingkang sae murih panggah kawontênanipun, dening para sagêd babagan kawruh kewan, dipun tata sarana linta-lintu pambranahipun. Saking Têgal kadamêl bibitan ing Pakalongan, saking Pakalongan kangge ing Têgal. Makatên wau nama panjagi dhatêng saening turun. Yèn botên kalintu ing bab babagan kawruh pamiyaran kewan, winastan nyaèkakên êrah.

Mênggahing panjagi saening turun manawi tiyang damêl cathêtan ingkang titi panindakipun, punika wastanipun registratie. Punika tumrap babagan makatên wau prêlu sangêt, ananging bab punika sadhèrèk pribumi dèrèng katingal mrêlokakên, pramila pamiyaran kirang sae.

Mênggah saenipun prakawis registrati punika, 1. sagêd niti turunan ingkang tunggil kuphu. Punika kêdah kaudi kajodhokakên dhatêng ingkang botên nunggil darah. Awit kathah kayêktosanipun badhe saening turun, inggih punika wujud, pawakan badhe botên ewah. Kiyat, liripun manggung kasarasan. 2. Sagêd anjagi môngsa ingkang sae tumrap menda mangsanipun birai, benjing punapa dhawah lairan. Yèn sampun lair benjing punapa badhe brai, ingkang sayogi kêdah kapacêgakên malih.

Badhe kasambêtan.

Sumadi, Pangarasan.

[Iklan]

Katrangan

Miturut katrangan saking parentah Mangkunagaran, ing bab pakabaran anggènipun Mr. Subrata kapratelakakên sumêdya ambiyantu Pakêmpalan Kawula Surakarta (P.K.S.) tuwin bab anggènipun Dr. Sukasna kapratelakakên anggènipun mêdal saking pasuwitan ing praja Mangkunagaran, jalaran saking anggèning manggih pakèwêd botên tumut dhatêng ebah-ebahaning kabangsan. Punika botên sayêktos.

Pawartos saking Rêdhaksi

Langganan nomêr 2886.

Sêrat kêkancingan, ingkang mratelakakên manawi salah satunggaling sêkolahan partikêlir (vervolgschool) sampun kaanggêp sami kalihan sêkolahan openbaar, punika ingkang maringi kê[dah] Departement van Onderwijs, botên cêkap namung saking Inspectie.

Kadospundi lampahipun sagêdipun pikantuk sêrat kêkancingan wau, bab punika prayogi mitêrang dhatêng Inspectie ingkang ambawahakên.

Sêkolahan ingkang sampun pikantuk sêrat kêkancingan kasêbut nginggil (saking Departement van Onderwijs), anggènipun nyukani sêrat tamat bêlajar, botên mawi andadak ngèksamên murid-muridipun.

--- 1238 ---

Gêgayutanipun Bale Pustaka kalihan Jaarmarkt Surabaya tuwin Knilm.

Ingkang sampun kalampahan, sabên wontên papan karamean, kados ta: Pasar Gambir ing Batawi, Jaarbeurs ing Bandhung tuwin sanès-sanèsipun, Bale Pustaka ambikak padhasaran buku wontên ing papan wau. Ing wêkdal punika dhawah wontênipun Jaarmarkt ing Surabaya Bale Pustaka ugi ngêdali.

Makatên ugi awit saking panêdhanipun pangarsa babagan patukangan, supados Bale Pustaka nyadhiyakakên buku-buku babagan ekonomi ing golongan punika.

Gêgayutan kalihan kawigatosan punika, Bale Pustaka prêlu miji pangagêng Afd. Reclame Bale Pustaka dhatêng Surabaya. Mênggah wigatosipun, kajawi nindakakên prêluning Bale Pustaka ing Jaarmarkt ugi prêlu badhe nindakakên damêl gêgayutanipun para têtiyang ingkang sami sade buku. Tuwin ngawontênakên reklamê ing Surabaya, nama ngiras-ngirus.

Kêlêrêsan ing kala punika Bale Pustaka tampi sêdhahan saking Knilm badhe anggêgana dhatêng Surabaya. Punika kapasang yogya.

[Grafik]

Kalampahan Bale Pustaka miji Tuwan Th. J. Van Cleef, pangagêng Afd. Reclame dhatêng Surabaya. Nalika badhe bidhal saking Cililitan, dipun gambar kados ingkang kacêtha ing nginggil punika. Sêdhahanipun Knilm wau dipun aosi sangêt.

Pamulangan Ijkers

Kathah ingkang sami pitakèn ing bab wontênipun pamulangan Ijkers. Mênggah katranganipun:

Ingkang kenging malêbêt dhatêng pamulangan wau lare wêdalan H.B.S. utawi A.M.S. apdhèling B. Caranipun malêbêt kêdah gadhah atur dhatêng pangagêng Technische Hoogescool ing Bandhung. Lamining pangajaran 1¾ taun. Ingkang badhe mranata tumindaking wulangan punika pangagêng T.H.S.

Dene bab bayaran sami kalihan T.H.S. inggih punika f 300.- sataun. Dados ingkang malêbêt dados murid wau atêgês malêbêt dhatêng T.H.S. (pamulangan luhur).

--- 1239 ---

[Iklan]

Kawontênan ing Tiongkok

Pinanggihipun wontên ing wawasan, pangancamipun Jêpan dhatêng Nanking tuwin sanès-sanèsipun, sakalangkung adamêl gêtêr, amargi panêmpuhipun saking gêgana. Tamtunipun nêmpuh saking gêgana punika badhe adamêl karisakan sangêt, tuwin gampil adamêl gêmpuring nagari tuwin tumpêsing têtiyangipun. Nanging nyatanipun, panêmpuhipun Jêpan namung pinanggih ampang kemawon.

Ampang wau kajêngipun mênggahing paprangan, nanging têgêsipun inggih adamêl pêpêjah ngantos ewon, kanthi raos ingkang ngêrês-êrêsi, nanging tumraping Tiongkok, dèrèng rumaos kêndhak dipun têmpuh ingkang kados makatên punika, malah raosipun saya damêl gumregahing manah, nêdya ngêtog karosan botên atolih pati.

Tindakipun Jêpan ingkang makatên wau sayêktosipun andadosakên pamanahaning liyan, kados ta wêwakil Amerikah ingkang suwau sampun badhe mingsêt saking papaning paprangan, ing sêmu angsal dhawuh saking parentah Washington supados têtêp wontên Nanking. Kajawi punika tumrapipun Amerikah ngawontênakên panyaruwe dhatêng Jêpan ing bab anggèning wadya Jêpan gadhah tindak têgêlan kados makatên punika, damêl pêjahing tiyang ingkang botên dosa tuwin sanès-sanèsipun, malah panyaruwe wau tumrap ingkang saking Amerikah kalêbêt ingkang sêrêng piyambak.

Nanging tumrapipun Jêpan, punapa tindakipun wau inggih botên nilar wêwaton, kados ing bab anggèning ngêbom Nanking, punika sanadyan katingalipun [katingali...]

--- 1240 ---

[...pun] sakalangkung têgêlan, nyatanipun botên nêrak wêwalêr, awit tiyang ingkang sanès militèr, punika manawi ing môngsa paprangan dêdunung wontên sacêlaking kalangan militèr, manawi ngantos manggih bêbaya, nama kainan piyambak. Mila tumrapipun Jêpan botên badhe anggatosakên panyaruwenipun nagari-nagari sanès.

Namung sarèhning pangudinipun nagari sanès punika namung ngangkah murih samia tata lan têntrêm, inggih botên kêndhat tansah rekadaya murih kalampahanipun. Ing sapunika wontên wiraosanipun nagari-nagari sanès badhe ngawontênakên tindak pamêpêr ingatasing ekonomi Jêpan, manawi nyata Jêpan tansah gadhah tindak ingkang botên pradulèn, sagêd ugi Jêpan dipun satru dening nagari kathah.

Tumrap tandangipun Tiongkok, katingal anggènipun tansah kêdhêsêk, nanging unduripun wau inggih mawa kajêng, dados saupami caraa sawung, nama ulah playu, dangu-dangu sagêd damêl pêdhoting napasipun ingkang ambujêng, namung kala-kala kèndêl mranggal.

Ing sapunika wontên wartos, bilih Jêpan gadhah pangajêng-ajêng supados paprangan punika sagêd rukun, nanging panampinipun Tiongkok, saupami kalampahana rukun, ing ngriku mêngku kajêng bilih rukunipun wau inggih atêgês kasoranipun Tiongkok. Kajawi manawi pancèn nyata kèndêling paprangan punika saking panêdhanipun Jêpan tuwin kanthi prajanjian ingkang tanpa ngewahakên kamardikanipun Tiongkok, punika sawêg wontên èmpêripun.

Kalihan malih manawi ngèngêti sêrêngipun anggèning sami paprangan taksih kados makatên, tangèh wontêna raos ingkang thukul ngajak rukun. Malah pinanggihipun paprangan ing sisih lèr saya rame, baris Tiongkok tansah andhêsêk dhatêng barisaning mêngsah ing Pèiping, Suwiyuwan, kanthi sagêd ngrêbat kreta militèr 50 ngêwrat obat mimis.

Ing ngriku wadya Tiongkok tanpa kêndho mangangsêgipun, pandhêsêgipun wau kanthi pangangkah sagêda lajêng sêsambêtan kalihan barisan Tiongkok ing sanès panggenan.

Tumrap Jêpan anggèning andhatêngakên bêbantu tanpa kêndhat, malah mêntas angayati nginggahakên wadya lautan wontên ing Kwanghai kanthi dipun ayomi ing kapal pêrang agêng, nanging lampah wau cabar dening dipun tanggulangi ing wadya Tiongkok.

Pinanggihipun rêrigên sajawining paprangan ingkang ngèngingi Jêpan, punika ing bab tindak angêmohi barang-barang Jêpan. Ing sêmu bab babagan punika ugi nênarik dhatêng kawigatosaning ngakathah. Wontênipun makatên, amargi tindakipun Jêpan angêbomi pundi-pundi, punika botên mawi pilih-pilih.

Malah tumrap Inggris, nindakakên panyêrêg dhatêng Jêpan, gêgayutan kalihan panêmpuhipun Jêpan saking gêgana, ngantos adamêl risaking griya sakit agêng ing Nanking.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan No. 2065. Ôngka mawi bundêran alit, punika ukuranipun buku. 16° ukuran alit kados polêk almanak. 8° (octavo) ukuran cêkapan, kados Sêrat Menak. 4° (kwarto) ukuran agêng, kados Kajawèn. Manawi badhe priksa bab pandamêling buku, ukuran lan sapanunggilanipun ingkang langkung cêtha, kula aturi maos "Pemimpin tukang Zetter'' wêdalan Bale Pustaka, rêginipun namung f 1.-. Dongèng ing Kajawèn kenging katurun dados buku, nanging manawi badhe dipun êcap, prayogi nyuwun idin rumiyin dhatêng Bale Pustaka.

--- 1241 ---

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78

Sujana : Iyah galur têmên purwakanthine ki raka, ki. Inggih, rayi andhèrèk, botên badhe nyulayani kaparêngipun raka para, samangke lajêng kadospundi jarwanipun têmbung Buda wau.

Sarjana : Purwakanthinipun lare angèn kok dhi, pun kakang namung tiru-tiru kemawon, lowung kangge ngasokakên sayahing pikiran. Mawi dipun sêlani têmbung sêmbranan, bok têmênan tan kewran jatining Pangeran. Sadaya punika namung têmbung pangaran-aran, ingkang kapisungsungakên para manungsa, dhatêng kawontênan ingkang sampun tanpa pêpindhan, mênggah gênging pangwasanipun saha kaelokanipun, tuwin kaendahanipun ingkang anglimputi sadaya alam-alam. Satunggal-tunggaling bôngsa sami misungsung asma, kanthi basa tuwin têmbungipun piyambak-piyambak, ingkang beda pakêcapanipun, nanging nunggil suraosipun, makatên cariyosipun si paman Dhoplang.

Samangke gêntos amiraosakên kajatèning Buda, saking pangandikanipun para êmpu kabudan, Buda punika têmbung ingkang mitêdahakên kawontênan rukhani, inggih gaibing kabatosan, ugi darajating batos, tuwin kaalusaning kaluhuran miwah kaagunganipun Suksma, utawi kajatèning urip langgêng, ingkang botên wontên warninipun, tuwin kawujudaning jênggêrêngipun. Dene têgêsing têmbung Buda punika: pêpadhang, inggih nur, utawi cahya, nanging sampun kagalih (kinintên) awujud kados pajaring dilah, sunaring surya, wulan, andaru tuwin sapanunggilanipun, awit sadaya pêpadhang ingkang katingal, ingkang kasat mata ing netra kapala, ngantos dumugi paningaling batos, punika namung kababaring nur utawi cahya kemawon, sanès sajatining kawontênanipun: nur; wau piyambak, jalaran kajatèning nur punika tan awarna tan arupa, nanging anglimputi sadaya, tuwin anggêsangi sadaya wujud, mila inggih angèl katampinipun kalayan pamikir.

[Iklan]

Sujana : Têmbungipun, blenderan cara lare-lare samangke, inggih: hebat; punika ki raka, pikir kula botên sagêd anggrayangi punapa anggagapi, malah lajêng buyar pating salêbar, ura angômbra-ômbra, amargi botên wontên ingkang dipun gondhèli kangge ngentha-entha utawi anggêgôntha.

Sarjana : Mila manawi katampi wadhag-wadhagan, inggih lajêng amujudakên panggôntha jênggêrênging pribadi (persoonlijk) ingkang têmahanipun bilih dipun andhêmi, sagêd katuntun manêmbah dhatêng kawujudan, rêca-rêca, kayu watu, tuwin sapanunggilanipun titah ingkang kaanggêp suci, mila gawatipun inggih wontên ing ngriku punika.

Badhe kasambêtan.

Tr. S.

--- 1242 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng

Kêthoprak Mardiwandawa

II.

Petruk : Ayo, Kang Garèng, padha dibanjurake anggone rêmbugan ing bab Kêthoprak Mardiwandawa. Nalikane adêgan kang kaping pat, yaiku siwakane Sunan Amangkurat ing Mataram ingadhêpan para putra santana, mantri bupati sarta wadyabala, andhèr kaya... sêga ramês.

[Grafik]

Garèng : Wèyèh, omong kathik ora mèmpêr mêngkono, ana sinewakan kathik dipadhakake sêga ramês.

Petruk : Andak kaya panêkuk. Kurang pêpak, Kang Garèng. Seje karo sêga ramês, Kang Garèng, kuwi rênês jangane ana, krupuke ana, gudhêge ana, iwake pitik ana. Karêpku pasinewakan kono kaya sêga ramês, kuwi sing padha sinewaka: rênês, pêpak, lan kumplit. Wis ta, Kang Garèng, aja kakehan anggonmu nyanthulani. Ayo, saiki padha dibanjurake rêmbugane. Nalikane adêgan kang kaping pat mau, kêpriye mungguh rasaning pikirmu, barêng gamêlane diganti pelog.

Garèng : Hu-wah, kaya wong tuku lot lotre, Truk.

Petruk : Êlo, kok kaya wong tuku lot lotre, iki bablase arêp mênyang ngêndi.

Garèng : Wong kowe durung tau ngrasakake rasane wong tuku lot lotre, mulane pikiranamu iya ora têkan. Tak kandhani, Truk, wong tuku lot lotre kuwi lumrahe sok duwe gagasan mangkene upamane: wa-dhuh, hla wong duwe dhuwit kathik satus èwu, omahe mêsthine iya banjur joglo. Ing pêndhapa gamêlane rong prangkat, salendro lan pelog, duwe motor, kreta melor, padmine siji, sêlire têlu tur... tlèdhèk kabèh.

Petruk : Iya, iya, wis ngrêti aku, karêpmu kuwi: pikirane... anglangut ta. Wah, iki mula iya nyata, Kang Garèng, dhasar wayahe wis rada wêngi, gamêlane ditabuh pelog, wah, nyang pikiran kajaba anglangut, iya anglês, ngêrês lan ngêsês. Têmbung sing pungkasan iki, kawêtu karêpe dhewe yèn suwaraning gêndhing sing lagi mulêt ujug-ujug diguna gawe dening cêngèking bocah upamane, ya kuwi: ês, ês, ês, ora, Kang Garèng, sauwise pasinewakan ing Mataram [Matara...]

--- 1243 ---

[...m] mau kumplit, gamêlan disuwuk, sanalika kono kanthi kontan sang prabu cara Landane banjur porsêtèl (ngênalake) marang para mriksani: kula Amangkurat, Sunan ing Mataram.

Garèng : Inggih, kula Mas Nala, tiyang nonton têng sampeyan. Sauwise ngênalake mau, sarta liya-liyane urut kacang padha porsêtèl nyang para nonton kabèh, sang sunan banjur dhawuh pangandika mangkene: bapa patih...loso, solo.

Petruk : Wayah, ana têmbang mijil têka disênggaki: loso, solo, ora mathuk, Kang Garèng. Sanyatane rong bab iki, nyêbal karo tonil lumrah kae. Ewasamono mungguhing aku, ora andadèkake sabab apa-apa. Anggone ngênalake, iki amrih luwih cêthane tumrape wong nonton. Ing bab têmbangane, aku saya mupakat manèh, yaiku: supaya kagunan Jawa: têmbang, aja banjur tumuli dionslah saka ing dunya. Tongtonan Jawa sing isih nêngênake kagunan Jawa: jogèd, têmbang lan gêndhing-gêndhingan, kuwi adhakane: wayang uwong. Tumrape wong ing jaman saiki, umume nyang wayang uwong kuwi iya ngalêm apik, nanging kanggo... museum. Jarene wis ora tlatèn, malah kandhane: tongtonan ora kalêbu nalar, ratu mêtu nganggo anjogèd ngalètèr pirang-pirang jam, omong-omongane digawe-gawe, dalasan nyuduk bae nganggo ditibakake gong, kathik disaranani: pacak kulu.gulu. Hara, hara, apa iki jênêngane ora mung nonton wong gêmagus lan wong kêmayu bae, nanging iki sing akèh iya rêrasane bangsane dhewe sing rasane Jawa wis pêrlop, saka ora ngrêtine marang kagunan Jawa. Mulane anane tongtonan sing dipranata kaya kêthoprak mau, tumrape wong-wong sing pikirane kaya ngono mau, iya bêcik. Ing kono andêlêng carita utawa dongèng-dongèng, sing klayan dianakake têmênan, kang dislundhingi: têmbang, gêndhing lan kadhangkala jogèd, lho, kuwi suwe-suwene bisa nguripake kagunane dhewe manèh, Kang Garèng.

[Grafik]

Sunan Amangkurat ing Mataram, ingadhêpan para abdi.

Garèng : Mula iya mêngkono, Truk, buktine aku kiyi bae, wong iya wis mèh lumutên ana ing Batawi, sênêngku mau-maune iya mung: nyang dhogèr, bangsawan, utawa gambar idhup, barêng nonton kêthoprak, ing sakawit panganggêpku: pêngrusak kagunan Jawa. Dudu tongtonaning priyayi kaya aku. Nanging barêng wis nonton kêthoprak sing têmênan ganêp kaping têlu kaping pat, wèh, sabên bêngi banjur wêgah... mangkir. Wis, Truk, saiki padha ambanjurake anggone ngrêmbug adêgan [a...]

--- 1244 ---

[...dêgan] sing kaping pat mau. Ayo, saiki padha nyôndra pamaine siji-sijine. Miturut babade, Sunan Amangkurat kuwi jarene: nyênyêngit, têgêlan, kathik tanpa ana ngapurane.

Petruk : Kuwi rak jarene, ta, Kang Garèng, dadi durung kinaruwan tênane. Dadi yèn nyatane ora mêngkono, kang anjalari omonge dhewe iki goroh, gorohe iki cara Landane goroh : in commissie, yaiku goroh le kulak.

Garèng : Ha iya, Truk, hla, apike ana ing kêthoprak kono, anggone mujudake Sunan Amangkurat kuwi katone kathik iya nyênyêngit, sajak têgêlan lan sajak tanpa ana pangapurane, kaya nalika mirêng ature Wirarêja, yèn Lara Hoyi wis ora ana, sabab dipundhut dening Pangeran Adipati Anom, wèh, anggone anggêdrug-gêdrug sikil, anggone marah-marah bêsar, kaya iya-iyaa kae, nganti aku lali mlompong têrus-têrusan, ana lalêr mlêbu cangkêm, tak ingkêmi tak sêngguh grontol.

Petruk : Apa manèh nalikane duka karo ingkang paman, Pangeran Pêkik, utawa ingkang ibu bibi Kangjêng Ratu Pandhan, sabab iya priyayi luhur sakalihan iki sing kumawani lancang amboyongi Lara Hoyi mênyang kadipatèn, saka wêlasku marang Pangeran Pêkik sakalihan mau, nganti trocosan wêtune êluhku, iya saka mripat, iya saka... cangkêm.

Garèng : Wayah, kuwi ngilêr jênêngane. Banjur, Truk, anggone andhawahi ukuman marang ingkang putra Sang Pangeran Adipati Anom, kadhawuhan nuwêg Lara Hoyi, ing kono cêtha wela-wela mungguhing têgêlane Sang Amangkurat. Kala samono saka anggonku ngêngkên jèngkèlku nyang Sunan Amangkurat, lan saka anggonku ngêngkên wêlasku nyang Pangeran Adipati Anom, dene nômpa paukuman sing samono abote, nganti têlês kabèh... bêbêdku.

Petruk : Kuwi ngompol jênêngane, Kang Garèng. Cêkake pamaine ing adêgan kang kaping pat, wis tanpa cacad têmênan, Kang Garèng, saiki kêtêmune manèh Pangeran Adipati karo Lara Hoyi, anggone sang pangeran tansah mongga-manggu: tak patèni apa ora, mêngkono uga tandang-tanduke Lara Hoyi sing sajak kaya wong bingung, iya wis mèmpêr. Mung bae ana sing nyêbal karo padatan sawatara. Jarene Lara Hoyi kuwi anak turune wong cilik, masa iya karo Sang Pangeran Adipati Anom, kok mung: mas, mès, mas, mès. Ora cocog aku, Kang Garèng.

Garèng : Ha iya, Truk. Iki nyang matamu la iya nyêngkal, nyang kuping iya marakake andalèdèk, juruhe kuning. Sabab yèn cara Jawa sing têmênan, apa manèh ing jaman biyèn, sanadyan saiki iya isih mangkono uga. Arêpa cintah padha cintah, wong wadon darah cilik nyang gustine, wani-wanine iya mung mangkene: yah, gusti ki nèk dhawuh kok le anèh-anèh. Clêkit, clêkit. Iki anjiwite, Truk.

--- 1245 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Sri Bagenda Maharaja Putri jumênêng pangayoman. Warga pangrèhing Vereeniging voor zieken verpleging ing ned. Indie ing griya sakit Cikini ing Bêtawi, tampi wartos bilih Sri Bagenda Maharaja Putri kaparêng jumênêng pangayoman. Pakêmpalan punika kathah ingkang migatosakên saha kathah kadarman saking pundi-pundi, saha nate angsal sih kadarmandalêm suwargi Sri Paduka Ratu Emma, salajêngipun kêlampahan sagêd ngêdêgakên Koningin Emma Stichting kangge nyinau calon juru ngupakara tiyang sakit (verpleegster).

Panenan jagung suda. Miturut wartos panenan jagung ing bawah Grobogan, Sêmarang, ing wêkdal punika suda sangêt, kintên-kintên namung sapalihing padatan. Wontênipun ngantos suda kados makatên, amargi sasampunipun dipun tanêm lajêng awis jawah.

Kasangsaran motor mabur. Sampun sawatawis dintên nuju wanci jam 10 enjing ing papan anggêgana militèr ing Andir, Bandung, wontên kasangsaran motor mabur. Ing kala punika motor mabur ingkang kasangsaran wau dipun lampahakên dening Litnan J.K.M. Theunissen, kapetang taksih murid anggêgana enggalan, kala nglampahakên wau klèntu, lajêng dhawah, panggêgananing motor mabur dèrèng patos inggil, tiyang ingkang numpak nandhang tau,tatu. nanging botên rêkaos, motoripun mabur risak sangêt.

Rawa ingkang lajêng dados dhusun. Rawa Rangkaskasang ing saêlèr haltê S.S. Meluwung, ing kala rumiyin dados papan pamisayan ulam ingkang rame. Dangu-dangu rawa wau asat, saha dangu-dangu dados dhusun. Makatên ugi rawa Cibeureum kaprênah saêlèr Sêgara Anakan tuwin Rawa Bakung sacêlakipun lèpèn Citanduy, sapunika ugi sampun asat garing, saha lajêng kacithak dados dhusun. Padhusunan enggal wau sampun wontên griyanipun 160 wuwung, dene ingkang cikal-bakal têtiyang asli saking Ngayogya. Pasitènipun ingriku pinanggih sakalangkung êloh.

Nyêpêng tiyang damêl arta kêthip palsu. Satunggiling dintên ing satatsiyun S.C.S. Sêmarang wontên tiyang dipun cêpêng jalaran majêngakên arta kêthip palsu. Sarêng tiyang wau dipun cêpêng, lajêng martelakakênmratelakakên. gêgandhenganipun tiyang sanès ingkang gêgayutan kalihan babagan arta palsu wau, inggih punika tiyang ing Salatiga. Tiyang ing Salatiga wau ingkang damêl, salajêngipun anggayut tiyang ing Kudus, Dêmak tuwin têtiyang ing sanès panggenan malih, malah wontên ingkang anggayut dhatêng lurah-lurah dhusun punapa. Arta kêthip palsu wau sampun sumêbar wontên ing Jawi Têngah.

Sarêm pêtêng. Ing wêkdal punika ing bawah Sêmarang kathah tiyang ingkang kêcêpêng jalaran damêl sarêm pêtêng. Têtiyang ingkang sami damêl wau ingkang kathah ing Kêndal. Makatên ugi ing Dêmak. Malah miturut papriksan Landgerecht ing Sêmarang, kathah prakawis babagan punika. Tumrap tiyang ingkang kaukum dhêndha, kathah ingkang sami nglampahi ukuman badan.

Angsal-angsalanipun pakaryan post. Miturut pèngêtan, angsal-angsalanipun pakayan post wiwit Januari dumugi Augustus kêpêngkêr tumrap post f 8.671.755.-, telegraaf f 3.204.234.-, telefoon f 3.990.537,-. Dene Januari dumugi Augustus taun kêpêngkêr, tumrap post f 8.223.997.-, telegraaf f 2.791.114,-, telefoon f 4.514.828.-.

[Iklan]

Congrès P.K.S. Kawartosakên, wiwit tanggal 4 October punika, P.K.S. ing Surakarta saèstu ngawontênakên congrès manggèn ing Habiproyo. Ing congrès ngriku badhe ngrêmbag 1. Babadipun P.K.S. 2. Sêsorah babagan putri. 3. Pêpanggihan pamong pusêr tuwin sanès-sanèsipun. Mr. R.M. Soerjadiningrat badhe sêsorah wawasan nalika lêlana dhatêng Asia.

Malaria ing Têgal. Sampun sawatawis dintên asistèn residèn ing Têgal tuwin pangagêng ing waterstaats afdeeling Pêmali-Comal, doktêr tuwin sanès-sanèsipun, rawuh papriksa dhatêng Muara Tuwa, prênah sakilèn Têgal, têbihipun 6 km. Pakampungan ngriku punika panggenanipun juru misaya ulam. Ing laladan ngriku punika wontên rawanipun ingkang dados kêdhatoning lêmut malaria. Miturut papriksan, tumrap têtiyang ingriku sabên jiwa 1000, ingkang sakit tiyang 152. Malah sêsakit malaria wau ugi tumular dhatêng salêbêting kitha. Wohing papriksan wau lajêng ngawontênakên rêrigên sapêrlunipun tuwin maringi kêninê.

Cursus Kleinhandel. Cursus kleinhandel ingkang dipun wontênakên ing Bêtawi katingal dipun wigatosakên dening para guru saking sajawining tanah Jawi tuwin Madura. Guru-guru ingkang sinau wontên kleinhandel wau para guru ingkang nyambut damêl wontên pamulangan ingkang angsal pitulungan arta saking nagari, kados ta Budi Utama, Muhammadiyah tuwin sanès-sanèsipun.

Film pêrang Tiongkok botên kenging dipun mainakên ingriki. Commissie ingkang nindakakên papriksan film, mêntas mriksa film pêpêrangan Tiongkok. Panimbanganipun commissie, film wau botên proyogiprayogi. kaparingan palilah kamainakên wontên ingriki, amargi kamanah sagêd ugi nuwuhakên pikiran ingkang botên-botên. Dados film kawontênaning paprangan ing Tiongkok wau dèrèng kenging dipun tingali ingakathah.

--- 1246 ---

Suntik cacar. Wiwit benjing tanggal 20 November 1938 dumugi 4 December 1938 badhe kawontênakên suntikan cacar miturut tatanan mubêng. Tatananing cacaran wau mawi pêpetangan manut urutipun ngantos sadumugining kêmput. Tumindakipun ewah namung manawi nuju ngusum sêsakit. Pundi ingkang pêrlu inggih dipun dhatêngi malih.

Ingsêr-ingsêran patih. R. Soediman, ugi nama Hadiatmodjo, patih ing kabupatèn Magêtan, dados patih ing kabupatèn Tuban. R. Said Prawirosastro, patih ing kabupatèn Tuban, dados patih ing Kabupatèn Magêtan.

Tôndha pangèngêt-èngêt saking Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana. Sarawuhdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Surakarta, saking kaparêngdalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana, ngaturakên tôndha pangèngêt-èngêt katur Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana awarni jumênêngan (têkên) mawi pênthol gadhing pinati ing sêsotya, dene kangjêng nyonyah dipun aturi gambardalêm Ingkang Sinuhun pinalangkan adi pinatik ing sêsotya. Kosokwangsulipun. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngaturakên gambardalêm sakulawarga pinalangkan ing salaka.

Jaarmarkt Surabaya sampun kabikak. Kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr jaarmarkt Surabaya sampun kabikak. Papaning pambikak wontên ing restauran Kit In Kie. Miturut andharan, jaarmarkt ing taun punika langkung wigatos tumrap babagan economie, kawêkêlan tuwin sanès-sanèsipun. Jaarmarkt punika badhe ngantos dumugi ing tanggal 10 October. Salajêngipun dipun sambêt kangge pasar malêm ingkang dipun adani dening comite Tjin Tjay Hwee, namung kalih dalu, ingkang angsal-angsalanipun kangge darma pêpêrangan Tiongkok.

Ngindhaki epahan kuli. Wontên wartos, regentschap Cirêbon angindhaki epahaning kuli, ingkang rumiyin 15 sèn dados 17 sèn. Tindak makatên punika adamêl bingahipun ingkang sami dipun indhaki.

Ing Makasar tuwuh sêsakit cholera. Miturut palapuran, ing Makasar tuwuh sêsakit cholera, sampun kathah tiyang ingkang katrajang. Bab punika lajêng dados papriksaning inspecteur pakaryan kasarasan. Pinanggihing papriksan pancèn inggih nyata kathah tiyang sakit, nanging dèrèng sagêd nêtêpakên bilih punika sakit cholera yêktos utawi sanès. Salajêngipun ingriku lajêng kawontênakên suntikan sapêrlunipun.

Bab balanja dokter. Ing Bandung mêntas wontên parêpataning para doktêr tiyang siti ingkang namaning pakêmpalan Ver. Ind. Geneeskundigen. Ing parêpatan wau ngawontênakên rêmbag ing bab pranataning blanja ingkang nêmbe dipun rêmbag wontên ing raad kawula. Rêmbaging parêpatan nayogyani kados tatanan ing H.B.B.L. taun 1934. Parêpatan nuntên ngênthêlakên rêmbag, anduwa dhatêng tatanan balanja kados ingkang dipun rêmbag wontên ing raad kawula wau, tuwin badhe gadhah atur supados parentah kaparêng nyandèkakên tatanan enggal wau.

Ir. ing Provincie Jawi-Kilèn. Ir. Djoeanda, katêtêpakên nyambut damêl wontên ing Provincie Waterstaat Jawi-Kilèn, manggèn ing Bêtawi.

Pados lisah pèt botên angsal damêl. Ing dhusun Leuwilimus, Cikande, Rangkasbitung, wiwit kala wulan April taun punika katindakakên ngêbur siti pêrlu pados lisah pèt, ingkang dipun adani dening B.P.M. nanging sarêng sampun katindakakên cobèn-cobèn 5 wulan, katingal botên pinanggih wohipun punapa-punapa. Makatên ugi ing Maja tuwin Cikande ingkang kakintên wontên lisahipun, inggih sêpên kemawon. Sarêng pinanggih makatên sêdya wau lajêng dipun sandèkakên, pirantos-pirantos ingkang wontên ingriku sampun sami dipun pêndhêti.

Arêng bathok klapa. Miturut wartos ing salêbêtipun taun punika ing palabuhan-palabuhan ing tanah Jawi wontên arêng bathok ingkang kakintunakên dhatêng Eropa ngantos 4000 ton. Kacariyos arêng bathok wau badhe kangge pirantos babagan topèng gas.

Usum sêsakit typhus. Sampun sawatawis wulan ing Purworêjo tuwuh sêsakit typhus. Jalaran saking wontêning sêsakit wau, ingkang wajib ngawisi sawarnining tiyang, saya malih tumrap para murid sêkolah, botên kenging têtumbas jajanan ingkang dipun sade ing saênggèn-ênggèn. Tumrap pakaryan kasarasan lajêng nindakakên rêrigên ngudi sirnaning sêsakit wau sarana rêkadaya warni-warni. Ing griya sakit kathah tiyang sakit makatên ingkang dipun upakara.

Tindak nanggulangi bêbaya candu. Awit saking pangudinipun Internationale Orde van Goede Tempelieren sêsarêngan kalihan Anti Opium Vereeniging ingkang sampun dangu tumindak ing Bêtawi tuwin sanès-sanèspun,sanès-sanèsipun. benjing wulan November ngajêng punika badhe ngêncêngi tumindakipun damêl punika. Mênggah badhe caranipun, wiwit tanggal 7 dumugi 13 November badhe nyêbar sêrat sêbaran kanthi gambar ingkang akajêng nyêgah bab bêbaya candu. Makatên ugi badhe ngawontênakên gambar idhup ing bab makatên, supados sadaya wau dipun sumêrêpi ing tiyang kathah.

Sri madêg tigang taun. Kala dintên Sabtu kêpêngkêr ing Soerjoamidjajan, Surakarta, kawontênakên paargyan amèngêti adêging Sri sampun tigang taun. Ingriku B.K.P.H. Soerjoamidjojo ngawontênakên wêdhar sabda, ingkang wosipun suka sukur dhatêng adêging Sri sampun tigang taun wilujêng tuwin majêng. Ing salajêngipun mawi kawontênakên têtingalan ngantos jam 1 dalu, wilujêng.

Gugon-tuhon anjalari wontên pêpêjah. Ing bawah Kuningan wontên tilas mantri pestbestrijding ingkang dipun gêthingi ing tiyang kathah, sabên-sabên ngantos andadosakên pabên, saha sabên mêntas pabên wau, dilalah ingriku lajêng wontên tiyang ingkang sakit. Punika lajêng nuwuhakên pangintên awon, dipun wastani tiyang wau gadhah setan. Ing satunggiling dintên wontên tiyang sakit, ingkang andalêming, mastani bilih sakitipun wau saking pandamêlipun tilas mantri kasêbut nginggil. Ingriku lajêng wontên tiyang kirang-langkung 100 sami sikêp dêdamêl dhatêng ing griyanipun tilas mantri wau lajêng nganiaya andadosakên lan tiwasipun. Sarêng bab punika dados papriksaning pulisi, têtiyang sadaya wau sami botên ngrumaosi piduwung anggènipun nglampahi makatên, kêncêng anggènipun gadhah pandakwa awon dhatêng ingkang sampun nêmahi tiwas.

SropaEropa.

Mussolini dhatêng Jêrman. Kala tanggal 26 wulan punika Sang Mussolini sampun dumugi ing Munchen dipun papag ing panjênênganipun Sang Hitler. Wontên ngriku mriksani barisan golongan warni-warni. Saking panyuwunipun Sang Mussolini, Sang Hitler dipun ajêng-ajêng rawuh gêntos ing Italie.

Portugal pethal kalihan Inggris. Ingajêng Portugal kalihan Inggris punika dados mitra supêkêt, inggih punika kala jaman pêrang donya, sanggêm sami tulung-tinulung. Nanging sarêng tuwuh paprangan Sêpanyol, nagari kalih wau katingal pêthal, margi Inggris kêtingal cocog kalihan golongan abrit ing Valencia. Saya malih sarêng wontên katrangan bilih golongan abrit wau badhe malêbêt ing Portugal. Ing sêmu sapunika Portugal badhe supêkêt kalihan Jêrman.

Prajurit èstri. Wontên wartos, bilih ministêr babagan Pangajaran Rus nyêbar wara-wara, supados para murid pamulangan umum tuwin partikêlir sami dipun têtêpakên angsl wulangan babagan kamiliteran. Tumindaking wulangan kaangkaha sasêlaning jam wulangan, saminggu saêjam.

--- 1247 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

17

Sapêncolotan kemawon, kapal kajiman wau sampun wontên ing sacêlakipun satriya ingkang ngemba Druwis. Tugarin, ingkang dêdêg piadêgipun agêng inggil sarta gagah prakosa, anyêngkrèk kêndhalinipun, lan sanalika punika kapal kèndêl, sukunipun ingkang atracak waja nakur-nakur ing siti, sajak ngatingalakên kiranging sabaripun. Ing kala punika Alyasa ujug-ujug nyandhak têkênipun ingkang awrat wau, saha lajêng katamakakên sakiyat-kiyatipun ing sirahipun Tugarin. Sakala punika sirahipun Tugarin sigar dados kalih saha lajêng dhawah ing siti, rahipun anglubèri pasukêtan ing ara-ara ngriku. Alyasa enggal-enggal nubruk dhadhanipun Tugarin, ngunus cundrikipun nêdya katamakakên, nanging kalayan ngasih-asih Tugarin sambat-sambat makatên:

O, Druwis, kang tansah lêlana anjajah desa milang kori, sampeyan punika salêrêsipun punapa sanès Alyasa, manawi nyata Alyasa, satriya Rus ingkang kasuwur mênggahing kaprawiran tuwin kadibyanipun, kula aturi anggêsangi kula, lan kula prasêtya salami-laminipun sampeyan dadosa sadhèrèk kula sinarawèdi.

Nanging Alyasa botên pitados dhatêng cêcriyosanipun mêngsah wau. Sirahipun lajêng katigas, sarta sandhanganipun ingkang pating glêbyar dipun rucati saking badanipun, saha lajêng dipun angge piyambak. Sasampunipun makatên, kapal kajiman ingkang mawi suwiwi wau lajêng dipun tumpaki, saha lajêng kabandhangakên nuju dhatêng pakuwon ingkang kangge ngaso Yakim tuwin Druwis wau. Sarêng têtiyang kêkalih saking katêbihan sumêrêp, Alyasa numpak kapal kajiman anuju mriku, panyananipun botên sanès kajawi pun Tugarin, amila kalih-kalihipun lajêng enggal-enggal anyengklak kapalipun, oncat nuju dhatêng kitha Mosko. Mênggahing gagasanipun, manawi botên enggal-enggal lumajêng saking ngriku, botên wande têmtu dipun pêjahi dening Tugarin. Alyasa lajêng nyêmêthi kapalipun ingkang mawi suwiwi wau, lan sakêdhap kemawon tiyang kêkalih punika sagêd dipun susul. Ing sarèhning ngrumaosi têmtu sampun botên sagêd luwar malih saking bêbaya wau, salajêngipun Yakim lajêng ambalik, nyandhak gadanipun saha lajêng kasawatakên dhatêng ingkang kakintên mêngsah wau. Gada ngengingi dhadhanipun Alyasa, ingkang lajêng gêrêng-gêrêng dhawah ing siti.

Yakim enggal-enggal mêncolot saking kapalipun, murugi ingkang dhawah, numpaki dhadhanipun, ngunus cundrikipun ingkang pitung panyukur landhêpipun, saha nêdya angrampungi ingkang kakintên mêngsahipun wau. Nanging sarêng angrucati panganggenipun ingkang sarwa gumêbyar, ing dhadhanipun Yakim amanggih palang mas ingkang dados pasêmonipun tiyang ingkang angrukêbi agami Kristên ingkang sajati, sanalika ngriku piyambakipun anyumêrêpi bilih ingkang kataman gadanipun wau botên sanès kajawi sadhèrèkipun sinarawèdi piyambak, inggih punika: Alyasa. Yakim ingkang lair batos pancèn trêsna sangêt dhatêng mitranipun wau, sangêt kaduwungipun sarta lajêng ngaruara pangangluhipun, makatên:

Adhuh, adhuh, têka aku anglakoni dosa kang samene gêdhene, amatèni sadulurku sinarawèdi dhewe.

Sarana dipun bantu dening pun Druwis, Yakim lajêng ngrucati panganggenipun Alyasa, sasampunipun, suku lan tanganipun Alyasa ingkang sampun kakên, lajêng dipun pijêti tuwin dipun gosoki, makatên ugi badanipun dipun oyog-oyog, nanging sadaya wau tanpa damêl. Sabab Alyasa têrus tanpa ebah, botên wontên tôndha-tandhanipun babarpisan manawi taksih wontên nyawanipun. Ingkang makatên punika adamêl saya agêng susahipun Yakim. Ing wusana pun Druwis saking kanthongan lajêng mêndhêt gêndul alit isi anggur kêmayan, paringanipun pandhita linangkung ingkang mratapa wontên ing sanginggiling rêdi: Atos. Mênggah kalangkunganipun anggur wau, sanadyan tiyang nandhang sêsakit ingkang tanpa sagêd dipun usadani malih, manawi sagêd kalêbêtan anggur wau, sanadyan namung satètès utawi kalih tètès, têmtu sagêd pulih kados ing suwau-waunipun malih. Ngêmungakên tiyang ingkang sampun pêjah yêktos, ingkang botên sagêd kêdayan punapa-punapa dening anggur kêmayan wau. Pun Druwis lajêng ambênggang cangkêmipun Alyasa saha anètèsi anggur wau ngantos sawatawis tetesan. Sawêg kemawon anggur dhawah ing ilat, sanalika Alyasa ngêlèkakên mripatipun, saha sajak gumun nyawang dhatêng mitranipun ingkang katingal sêmu susah wau. Kadosdene botên mêntas katamanan gada ingkang saklangkung awrat wau, Alyasa ujug-ujug tangi, dandos mangangge anggèn-anggènipun piyambak saha amangsulakên [amangsu...]

--- 1248 ---

[...lakên] anggèn-anggènipun Druwis kasêbut ngajêng. Salajêngipun pangangge ingkang sarwa pating glêbyar wau lajêng kakêmulakên dhatêng layonipun Tugarin, ingkang kalêbêtakên ing jala kagandhul-gandhulakên ing lapaking kapal. Amargi Alyasa botên purun ngrasuk pangangge wau malih. Sasampunipun prajurit kêkalih wau lajêng numpaki kapalipun anuju dhatêng Kiyef, nêdya badhe sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Wladhimir.

Sadumuginipun ing Kiyèf, prajurit kêkalih kasêbut ing ngajêng lajêng sami anjujug ing alun-alun sangajênging karaton, kapalipun kacancang wontên ing ngriku, salajêngipun prajurit kêkalih wau lajêng têrus lumêbêt ing kadhaton.

Ing kala punika salêbêting kadhaton sawêg kalêrês wontên paargyan, ing salêbêting bangsal kathah mêja panjang ingkang kêbak dhêdhaharan tuwin inuman warni-warni. Para pangeran, para satriya tuwin para prajurit sami pêpak andhèr wontên ing ngriku, makatên ugi para satriya tuwin prajurit saking mônca, ingkang badhe ngatingalakên sumuyudipun dhatêng Sang Nata Wladhimir, kathah ingkang sami anjênêngi paargyan wau. Sarêng prajurit kêkalih kasêbut nginggil, dumugi ing papan paargyan ngriku, lajêng atur urmat dhatêng sang prabu tuwin sang pramèswari, tuwin andhêngklukakên badanipun majêng ing keblat sakawan.

Sarêng Sang Prabu Wladhimir uninga dhatêng prajurit kêkalih ingkang mêntas dhatêng punika, kanthi rênaning panggalih sang prabu enggal-enggal paring dhawuh makatên:

He, satriya loro kang lagi têka, andadèkake rênaning panggalih ingsun, dene sira wus amrêlokake nêdya milu anjênêngi pahargyan ingsun iki. Murih pakurmatan ingsun iki aja nguciwani, mara aturna marang ingsun, sapa sira, ngêndi padununganira, lan apa kang dadi lêlabuhanira.

Alyasa umatur:

Mênggah asli kawula punika saking kitha Rosto, kitha dagang ingkang sampun misuwur ing saindênging praja Ruslan ngriki. Lan sadaya tiyang bawah dalêm ingkang iring lèr, kados sampun sami mirêng mênggahing lêlabêtan kawula dhatêng praja tuwin ratu pêpundhèn kawula. Dene kawula punika anakipun Leyonti, pangagênging agami ing kitha Rosto, mênggah nama kawula Alyasa. Nalika kawula lumampah nuju dhatêng kitha Kiyèf punika wontên ing margi kawula dipun pêthukakên dening satunggiling tiyang awon ingkang dipun ajrihi ing sadaya tiyang, nama: Tugarin. Sirahipun tiyang punika sampun kawula tigas, lan layoninlayonipun. kawula bêkta mriki, prêlu badhe kawula priksakakên ing panjênêngan nata pêpundhèn kawula sadaya.

Mirêng aturipun Alyasa ingkang makatên wau, Sang Prabu Wladhimir sakalangkung rêna ing panggalih saha lajêng paring dhawuh makatên:

Satriya Alyasa, andadèkake lêganing panggalih ingsun, dene sira wis labuh nyang nagara sarana matèni Tugarin, sawijining wong kang tansah agawe rusak katêntrêmaning praja. Mulane iya wis mêsthine yèn sira kudu olèh papan kang pantês kinurmatan. Sira sun paringi palilah lungguh ana ing antarane para satriya lan para prajurit kang wis anelakake gêdhening lêlabuhane marang nagara utawa marang ingsun, malah sira sun lilani milih panggonan dhewe sasênêngira.

SasampunipunandikaSasampunipun ngandika. makatên, Sang Prabu Wladhimir lajêng angawe abdi sawatawis, sarta nuntên paring dhawuh makatên:

He, abdi-abdiningsun, sira dèn age padha mêtua marang alun-alun, anggolèkana jarane satriya kang mêntas têka iki, kang asli saka ing kutha Rosto. Ing lapake jaran digandhul-gandhuli jala isi bathange Tugarin, sawijining wong ala kang wus amatèni pirang-pirang prajurit, sarta kang anduwèni rumasa yèn ora ana siji-sijia satriya utawa prajurit kang bisa ngalahake jurite. Bathange Tugarin iki gawanên mrene, supaya ingsun bisaa nguningani.

Para abdi wau sami enggal-enggal mêdal ing jawi, anuju ing alun-alun sumêdya angèstokakên dhawuh nata, lan botên watawis dangu wontên abdi kalih wêlas ingkang santosa-santosa lumêbêt ing kadhaton ambêkta panggotongan mayit ingkang angêwrat layonipun Tugarin wau. Nanging sapintên kagètipun para tamu ingkang rumaos dipun apusi, makatên ugi gumun lan kagètipun Alyasa piyambak, sarêng sami anyumêrêpi bilih Tugarin punika botên pêjah, malah taksih gêsang. (Mênggah ingkang kacariyosakên, Tugarin wontên ing jawi sampun pêjah, nanging wontên ing Kiyèp gêsang, punika satunggiling pasêmon, bilih ing sajawining nagari ngriku agami nyêmbah brahala punika sampun pêjah, sampun kalindhih babarpisan, dening agami Kristên. Nanging ing salêbêtipun kitha Kiyèf agami nyêmbah brahala wau taksih ngrêbda). Ing ngriku Tugarin katampi dening sang nata kanthi pakurmatan agêng, saha kapapanakên lênggah wontên ing antawisipun Sang Prabu Wladhimir tuwin sang pramèsari. Sakala punika para juru madharan enggal-enggal nyadhiyani dhêdhaharan ingkang eca-eca tuwin èdi-èdi, lan botên watawis dangu ing mêja sangajêngipun Tugarin lajêng kêbak dhêdhaharanantosdhêdhaharan ngantos. mèh sundhul ing payon. Para tamunipun Sang Prabu Wladhimir punika limrahipun sami kathah tadhahipun, nanging sarêng nyumêrêpi anggènipun nêdha Tugarin, sadaya sami gumun lan ngungun jalaran saking kathahing panêdhanipun. Dhaharan ingkang dipun têdha ing tiyang kalih sami nuwukakên, tumrapipun Tugarin namung salêgêndêran.

Alyasa, ingkang nyumêrêpi bilih sadaya tiyang namung amigatosakên dhatêng Tugarin, kanthi sajak botên mrêduli babarpisan dhatêng piyambakipun, lajêng sêmu nêpsu wicantên sora makatên:

Bapakku Leyonti, pangarêpe agama ing Rosto, wis tau duwe asu, kang ambadhog apa bae sing tinêmu. Sawijining dina asu mau arêp ngulu balung gêdhe, nanging banjur klêlêgên ora bisa ambêkan. Mangkono uga Si Tugarin, mêngko mêsthi bakal ora bisa ambêkan manèh, lan aku sing bakal dadi balunge.

Badhe kasambêtan.

--- 153 ---

No. 39, taun VII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

Doekarsi, Rêmbang. Mangsuli pitakonmu bab dongèng ing Kêjawèn, mula ya dongèng vertalan saka buku Walanda, sarta jênênge naga iku satêmêne angèl pangucape (uitspraak) awit katulis nganggo têmbung Rus, mulane murih gampange kanggo para maos disalini jênêng naga Gurinda. Anggone dianakake dongèng kang kêbak kaelokan mau, pêrlune mung ngêtokake manawa dhèk jaman biyèn ing nagara Walanda karo Jawa ya ora beda bab kaelokan kang kaya mangkono iku. Nanging saiki ing nagara Walanda wis ora padha ngandêl, dene ing nagara Jawa kene nganti saiki isih padha ngandêl.

Bênêr dene kowe pitakon bab iku, awit saiki kowe banjur ngêrti karêpe dongèng mau, rak iya ta?

Sri Sasanti, Surakarta. Wiyose aku wis tômpa kirimanmu karangan lêlucon lan têmbang Kinanthi, ora liwat bangêt panrimaku.

D.V. Soetjipto, Barèng 34, Malang. Bangêt panrimaku kokirimi layang pitêpungan sarta uga isi karangan dêdongengan. Ing sarèhne saiki wis ora ana papan, dadi liya dina bae kapacak.

Soetresno, Pêmikiran, Boja. Andadèkake bangêt sênêngku kowe mêrlokake anêpungake nyang Bu Mar sarta uga arêp milu lêlumban ing Taman Bocah.

Zorasjach p/a Taman Siswa Slawi (Têgal). Layangmu isi karangan lêlucon wis kêtampan kanthi bungah.

Poedjo Oetomo, S.D.S. laan 1, Purwokêrto. Layangmu wis dak tampa kanthi bungah, lan surasane wis mangêrti kabèh. Mulane kowe lawas ora nglayani ibumu, dadi ana sababe ngono. Sanadyan kowe saiki wis ora langganan T.B. nanging nglayangi Bu Mar rak ya bisa ta? Oetomo, yèn kowe ora kuwat langganan dhewe, ya ngajaka kancamu, dadi pêmbayare ènthèng, rak iya ta? Upama bocah têlu, rak ya mbayare bocah siji sajrone sasasi mung f 0.25, dadi sasasi mung 6 sèn, rak ya ora kabotan ta?

Siti Soekanti, Purwokêrto. Aku wis tampa layangmu, ora liya bangêt bungahku. Sarèhne saiki wis miwiti repetitie manèh, kowe sing mêmpêng anggonmu sinau ora kêna kakehan dolan, ya?

Moch. Soegih, Pati. Karanganmu dêdongengan lan cangkriman wis kêtampan, bangêt panrimaku.

Soetapa p/a R. Danoesoebroto, Karangasêm, Solo. Layang pitêpungan sarta isi lêlucon wis tak tampa kanthi sênêng.

R.A. St. Wahjoenah p/a G. Ass. Collecteur Japara. Andadèkakê bangêt sênêngku, kowe mêrlokake ngirimi layang manèh. Ya aja pisan dadi atimu, layang sing dhisik ibumu lali ora mangsuli, bokmanawa kêslêmpit.

Dadi kowe lan ibumu êntas ginanjar gêrah padharan, sukur dene wis padha saras, pancèn saiki lagi mangsane kok. Aku dhewe ya lagi ginanjar lara mangkono, malah saiki durung kêna mangan apa-apa liyane bubur, powan, lan bubur kacang ijo, nanging ya kudu disaring.

Dèwi Nastiti, Blitar. Aku sênêng bangêt kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan lan nyaritakake bab kaanane kutha Blitar. Dadi sing misuwur ing Blitar kuwi katès, kobis lan gêthuk lindri. Awas Ti, yèn ibumu nyang Blitar kudu disêdhiyani gêthuk lindri, têmênan, lho. Sukur yèn kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B., tansah dak arêp-arêp, yèn kowe arêp têtêpungan karo Soekartijah Malang, bêcike ngirimana layang bae nyang dhèwèke, dene adrèse, manuta ing Kêjawèn kang lawas-lawas, biyèn rak wis ditulis, ta?

Soerjadi, Kalibuntu, Têgal. Pambatangmu cangkriman bênêr kabèh. Bangêt panrimaku dene aku kotawani nginêp ing omahmu, yèn arêp nonton Cing Hua Pasar Malêm, kang dianakake wiwit tanggal 25 Sèptèmbêr têkan tanggal 10 October, ananging aku durung bisa, awit êntas kêwarêgên Pasar Gambir, kowe bae pinaringana slamêt, aja kurang siji apa, muga-muga bisa nonton sakarêpe.

R.M. Srinardi, Babadan, Karangdawa, Bèji Pedan. Pitêpunganmu sarta karangan lêlucon wis dak tampa kanthi lêganing atiku.

R.r. Siti Hendjarijah, Babadan, Karangdawa, BjiBèji. Pedan. Bangêt sênêngku kowe ngirimi layang pitêpungan lan uga karangan bab olah-olahan.

Soegiri, Kêbumèn. Karanganmu lêlucon wis dak tampa, nanging aja pisan dadi atimu, dene iku ora bisa kapacak, coba ngirimana manèh sing luwih apik, samono yèn dhangan atimu sarta kobêr.

Layang liya-liyane bakal dak wangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 154 ---

Mara Golèkana!!

[Grafik]

Sugiri iku bocah kang duwe dhêdhasar pintêr anggambar. Anuju sawijining dina ing pamulangane Sugiri dianakake tandhingan anggambar. Bocah-bocah kêna anggambar sakarêpe. Sing sapa gambarane apik dhewe, bakal entuk ganjaran. Sugiri ing klas kono, anggambar sawijining sudagar, nyangking tas, ngêmpit payung lan nyêkêl pipa. Sawise rampung, gambar mau nuli diaturake mênyang gurune. Gurune bangêt gumune wêruh kapintêrane anggambar Si Sugiri. Ananging ora antara suwe guru nuli calathu: "Sugiri, gambaranmu iki pancèn bagus têmênan, ananging lupute ana nêm, kang ora korasakake.'' La, coba saiki kowe padha anggolèkana apa luputing panggambare Si Sugiri iku.

LÊLUCON.

Carik : "Bok aja singsot wae ta!''

Abdi : "Mênapa ndara tuwan duka?''

Carik : "Ach mêsthi wae, singsot kuwi nèk kanggone Walanda kurang ajar.''

Abdi : "Punapa inggih, pancènipun manawi singsot rak ndara tuwan malah bingah, dene dipun blanja sakêdhik sampun marêm.''

Soetapa, Surakarta.

Wahyo : "Mas Wanto, kowe kuwi golèk apa, awan-awan kok mènèk mêncit ngono?''

Wanto : "Rekaku arêp ngrungokake muziek apa gêndhing ngono, jêbul kok ora krungu apa-apa.''

Wahyo : "Ah kok ya modhèl-modhèl.''

Wanto : "Modhèl kapriye ta!'' witikna radhio kae padha nganggo cagak dhuwur-dhuwur, jare kanggo nampani suwara.''

Srinardi

KINANTHI

I.

Dahat gênging suka sukur / dene ing dintên puniki / klampahan anganggit têmbang / sun karya sêkar Kinanthi / pêrlu nyênyuwun ing Allah / T.B. dimène lêstari //

II.

Taman Bocah nyata luhung / tumrap ing jaman samangkin / nggugah tyasing para rarya / yèn nganggur samya anganggit / lêlucon lan dêdongengan / carita têmbang kang adi //

III.

Adhuh pra mitra sadarum / sampun wêgah nganggit-anggit / nora kapacak ywa kêmba / malah karyaa kang adi / dimène enggal pinacak / nèng Taman Bocah Kêjawin //

IV.

Mugi-mugi Ywang Mahagung / marêngna panyuwun mami / Taman Bocah lêstaria / tan ana ingkang ngribêti / kang ngrubeda Taman Bocah / tampaa bênduning Widi //

V.

Salam taklim mugi katur / mring pra mitra jalu èstri / pangabêkti mring Ibu Mar / titi kang sêrat puniki / nyuwunakên pangapura / lêpatipun Sri Sasanti //

JURU AMÈK IWAK KANG NGANGSA

Ana juru amèk iwak wayah esuk lunga njala mênyang rawa, kang ora pati adoh saka omahe. Banyune bêning nganti mèh katon dhasare rawa. Satêkane ing kono wêruh badhèr pirang-pirang, calathune: "Badhèr iki yèn tak tibanana jala mêsthi kêna kabèh, nanging aku kok kêpengin iwak kang luwih gêdhe.

Prau nuli dilakokake, nanging ora ana iwak kang luwih gêdhe ketok, anane mung iwak tagèh, clathune: "Iwak tagèh digawe apa, luwung aku njala badhèr.''

Nuli bali mênyang panggonan badhèr mau. Nanging ora ana badhèr kumliwêr, sing ana wadêr gilig sawatara, calathune:

Wadêr gilig digawe apa, luwung njala tagèh mau.''

Prau bali mênyang panggonan tagèh, barêng didêlêng ora ana siji-sijia, clathu karo ngêsah: Wis saiki tak njala wadêr gilig bae.''

Prau banjur diwêlahi. Nanging ora ana wadêr gilig utawa iwak liyane. Saka judhêge nekad jala ditibakake, nanging mung olèh kijing lan ece sawatara.

Juru amèk iwak enggal mulih kanthi gêlaning ati.

Sri Sasanti.

--- 155 ---

BUPATI LAN LURAH DESA.

Dhèk jaman biyèn ana sawijining bupati, kagungan sêntana kang dadi lurah desa, nganti karan lurah sêntana. Dene lurah desa mau ing sajroning desane kono kapetung rada ngêrti dhewe, dhasar cukup, tur pintêr, nyantri pisan. Anuju sawijining dina ing dalêm kabupatèn kagungan damêl wilujêngan. Kabèh para priyayi bawah dalêm ditimbali, mêngkono uga para lurah-lurah andikakake sowan kabèh, pêrlu padha mangan enak. Sawise rampung dhaharan, para abdi paladèn padha ngundurake dhaharane. Nanging barêng para abdi paladèn olèhe ngundurake têkan panggonane lurah (sêntanane sang bupati), mêlênggong lan gumun, sabab ing kono sisa-sisane dhêdhaharan mau wis dibuntêli, arêp dibêrkat (digawa mulih). Ing kono para abdi banjur padha grênêngan, si lurah muring-muring nganti kamirêngan sang bupati.

Bupati ngandika: "Ana apa, kang lurah kok gègèr karo para abdi?''

Unjuke lurah sêntana: "Gusti, para abdi punika sami ngawisi anggèn kula mbrêkat. Mangka miturut dalilipun, sampun nyêbutakên makatên: Waidas samaun sokat, têgêse, wong kondangan iku sisane wajib dibêrkat."

Sang bupati barêng midhangêt ature lurah sêntana, gumujêng têrus mlêbêt mênyang dalêm.

Lêt sawatara sasi sang bupati kêrsa têdhak mêrtamu mênyang omahe lurah sêntana. Sarawuhe ing kêlurahan, sang bupati ora dicaosi suguhan apa-apa, ngêmungake dicaosi suguhan wedang tèh lan gula jawa. Sang bupati banjur ngêndika: "Kang lurah, wong wedang tèh kok diêdu karo gula jawa, rak iya ora mathuk, mathuke ya karo gula batu.''

Unjuke lurah sêntana: "Gusti, kêlilana munjuk, ing dalil sampun anyêbutakên: Wal ngibatu. Lil mutokino, têgêse: "Gula batu kang duwe Cina, dados kula botên dipun wajibakên ngombe wedang kalihan gula batu.''

Sang bupati botên ngêndika punapa-punapa, kêjawi namung mèsêm.

Barêng wis watara lawas, ing nêgara kono ana tatanan anyar, kang pêrlu lan mêsthi kudu diprentahake marang para priyayi lan lurah-lurah desa. Dene pêprentahan mau miturut dhawuh dalêm sang Bupati, ing desa-desa supaya gawe pagêr anyar lan kabèh pagêr mêsthi digaplok (digapit) lima (5). Lêt watara dina, saka dhawuh pêprentahan mau, sang Bupati kêrsa têdhak papriksa, pêrlu mriksa ing desa-desa bawah dalêm kabèh; barêng tindake sang bupati têkan ing desane lurah sêntana, duka bangêt, amarga ing desa kono ora ana kang ngèstokake dhawuh. Kaanane pagêr-pagêr ing kono mung digaplok papat, ora ana kang digaplok lima.

Dhawuh pangandikane sang bupati marang lurah sêntana: "Kang lurah! Kapriye ta karêpmu? Aku dhawuh: mêstianyar. gawe pagêr anyar lan digaplok lima, kênangapa ing disamudesamu. kabèh pagêr mung digaplok papat?''

Unjuke lurah sêntana: "Nun inggih gusti! Lêrês dhawuh panjênêngandalêm, wontênipun kula purun dhawuh dhatêng kuli, ngangge gaplok sêkawan, awit ing sarak sampun mratelakakên: keblat papat gangsal pancêr: dados gaplok papat, gangsal pagêr. Saking pamanggih kula sampun lêrês sangêt.

Sang bupati kèndêl sawatara, banjur dhawuh: "Hee kang lurah, rèhning kang lurah ora manut marang dhawuhe nêgara, mêsthi diukum.

Atur wangsulane lurah sêntana: "Gusti, wa ngala kulu bukun, wong ala mêsthi mlêbu ukum, rèhning kula punika tiyang sae, botên wajib pun ukum.

Soedibijantoro, Glenmore.

MANUK BANGO LAN KUWUK

Ana manuk bango mêmitran karo kuwuk. Ing sawijining dina si kuwuk dolan nyang nggone si bango, olèhe dolan mau pancèn dikon karo issi. bango. Si kuwuk ana ngomahe si bango disuguh, nanging olèhe nyuguh mau sakarêpe dhewe supaya kuwuk ora bisa mangan, ya kuwi iwak usus diwadhahi ing goci, mêsthi wae si kuwuk cangkême ora bisa klêbu. Sanadyan dimanggakake, si kuwuk ora bisa apa-apa. Atine si kuwuk panas bangêt, banjur pamitan mulih, nanging sawatara dina manèh si kuwuk ngundang si bango diajak mangan enak gênti, ya banjur têka sarta dipapag karo kuwuk, nanging niyate si kuwuk arêp malês karo si bango. Barêng wis sawatara olèhe padha jagongan, si bango disuguh gênti karo si kuwuk, ya kuwi iwak kang dicacah lêmbut banjur diwadhahi ing piring kang cèpèr bangêt. Nuli banjur dimanggakake kayadene si bango mau kae, nanging anggêr si bango nothol mung entuk daging sing cilik bangêt, seje karo si kuwuk, olèhe ndilati sadhela bae wis êntèk. Si bango saking isine rumasa wis utang dhisik ya banjur enggal-enggal pamit mulih, mêngkono iku tambane wong ala.

Sadulurmu trêsna, As, Surakarta.

MULA BUKANE ANA PULO BALI

(Candhake)

Bapakne Manik Kangkeran, sarèhne nêmu kasusahan manèh, nuli lunga manèh pêrlu marani Naga Basuki, nêdya anjaluk tulung manèh nyang dhèwèke.

Kacarita Naga Basuki wêktu iku uga gêlêm têtulung, ananging calathu, manawa dhèwèke ora niyat têtulung kang kaping têlune.

Rumasa bêgja karo anggawa pawèwèhe Naga Basuki [Ba...]

--- 156 ---

[...suki] Sadi Mantra nuli mulih nyang Kêdhiri. Satêkane ing omah, anake lanang dijanjèni manèh, lan dikon sumpah, manawa ora arêp manèh-manèh nglakoni main.

Ananging Manik Kangkeran iku gampang janjine lan gampang laline nyang apa kang dijanjèkake. Ing sajroning rong sasi pawèwèhe Naga Basuki diêntèkake lan utange bapakne ing saiki luwih akèh tinimbang karo kang wus kalakon. Andadèkake bangêt susahe Sadi Mantra lanang wadon, mulane wis ora wani manèh njaluk tulung marang Naga Basuki.

Manik Kangkeran nangis-nangis nyang bapakne, ngarih-arih, supaya pangkat nyang Gunung Agung, anjalukake kabutuhane manèh nyang Naga Basuki, ananging bapakne mêksa ora gêlêm. Manik Kangkeran bangêt bingunge. Wêkasane banjur nyolong klinthing darbèke bapakne, kang kanggo piranti njêjaluk apa-apa nyang Naga Basuki. Kanthi anggawa klinthing mau dhèwèke banjur pangkat mênyang panggonane Naga Basuki. Satêmêne Manik Kangkeran durung wêruh dalane kang anjog ing Gunung Agung. Sadalan-dalan tansah andrêmimil pitakon nyang wong-wong kang kapêthuk. Wêkasane sawise lumaku sawatara dina, Manik Kangkeran têkan ing pinggiring kawah. Naga Basuki ora ana ketok. Ananging Manik Kangkeran banjur ngobat-abitake klinthing bapake. Ora suwe, jalaran krungu swara kang tanpa lèrèn, Naga Basuki banjur njêdhul mêtu saka pandhêlikane sarta banjur takon marang Manik Kangkeran, apa sing dikarêpake. Kangkeran nuli crita akèh-akèh, bab anggone main lan nyaritakake bab cidrane kanca-kancane lan liya-liyane ngetokake piduwunge anggone nglakoni kang ora prayoga mau.

Wêkasane Naga Basuki calathu mangkene:

Iya wis, yèn saiki kowe gêlêm janji, ora arêp nyêkêl kêrtu manèh lan ngingu jago adon, ya sapisan iki arêp dak tulungi manèh, awit aku ngèlingi bapakmu kang alim lan alus budine.''

Naga Basuki wis êntèk sisike mas, awit kabèh wis digogrogake kanggo kabutuhane anake Sadi Mantra.

Naga Basuki nuli ambalik nêdya anjupuk dhuwit saka sajêroning Gunung Agung. Barêng dhèwèke mungkur, dumadakan buntute nongol, mêncungul mêtu saka pinggiring kawah. Ing wêkasane buntute ana barliyane gêdhe bangêt, Kangkeran durung tau wêruh têka ana barliyan samono gêdhene, mulane banjur thukul melike kêpengin anduwèni barliyan kang akèh rêgane mau. Kêkarêpane mau saya kêncêng, tanpa dipikir dhisik, enggal-enggal ngunus kêrise, banjur pucuking buntute Naga Basuki kang ana barliyane mau diiris. Sawise pêthil, dijupuk, nuli mlayu sipat kuping. Naga Basuki nggêro saking lara lan nêsune. Dhèwèke tansah gumun marang watake Manik Kangkeran. Wis bola-bali ditulungi kasusahane, têka mangkono piwalêse, ora anduwèni panarima sathithik-thithika. Naga Basuki tansah glebagan, ambolak-balik ngrasakake larane. Dhèk samono Kangkeran wis sawatara adoh saka kawah, ananging wisane Naga Basuki iku mandi bangêt; sing sapa kadilat tapake bae, sanalika iku mêsthi mati.

Saking nêpsune sarta panas atine, tapake Kangkeran uga banjur didilat. Sanalika iku uga Kangkeran tiba mati lan ora antara suwe rêmuk dadi awu.

Kacarita Sadi Mantra lan bojone bangêt anggone susah wiwit Kangkeran lunga tanpa ana kang wêruh. Barêng bapakne wêruh, yèn klinthinge uga ilang, banjur ngêrti, yèn anake lanang lunga mênyang Gunung Agung pêrlu anjaluk tulung dhewe marang Naga Basuki. Saka pangetunge Sadi Mantra, Kangkeran mêsthine wis lawas têkan ing omah, ananging kok nganti lawas mêksa durung têka. Wêkasane Sadi Mantra lunga dhewe nêdya anggolèki anake lanang. Sabên kêpêthuk uwong, banjur nakokake anake kang ilang, nanging ora ana wong kang wêruh utawa kêtêmu. Suwe-suwe têkan ing pinggiring kawahe Gunung Agung. Tanpa lèrèn anggone undang-undang Naga Basuki, wêkasane mêtu nuli pitakon apa sing dikarêpake.

Sadi Mantra banjur nakokake anake lanang. Naga Basuki nyaritakake kabèh kang wis kêlakon. Barêng Sadi Mantra krungu yèn anake lanang wis tumêka ing pati, nuli tiba karo nangis sarta banjur anjaluk pangapura mênyang Naga Basuki lan njaluk supaya wêlasa marang dhèwèke.

Calathune: O, paringana wêlas dhatêng kula, lêrês anak kula punika watakipun awon, nanging punika anak kula namung satunggal punika, botên wontên sanèsipun.''

Wangsulane Naga Basuki: "Iya bênêr, nanging aku uga mung duwe buntut siji lan anakmu uga ora eman karo aku.''

Sêsambate Sadi Mantra ora lèrèn-lèrèn, nganti ula naga mau saguh nguripake Kangkeran, nanging kudu janji yèn buntute kang dicolong kabalèkake. Kabèh kalakon kanthi gampang. Sadi Mantra bangêt bungahe, dene anake wis urip manèh. Nanging wêdi, yèn Manik Kangkeran gawe wirang manèh. Kangkeran dilarangi ngambah omahe bapakne, yèn nglakoni ngambah bakal dipatèni. Lan supaya Kangkeran ora nganti nrajang larangane bapakne, ing panggonan ing sisih wetan kang ciyut, Sadi Mantra gawe kalenan ing wêdhi, nuli disori banyu sêgara. Sawise banjur nênuwun marang Bêthara Guru, supaya kalenan mau kagawe ômba. Panuwune Sadi Mantra tinurutan, kalenan mau dadi ômba karan supitan Bali. Wiwit iku Bali pisah karo nêgara Jawa banjur dadi pulo ijèn. Sawise Manik Kangkeran tobat, ora nglakoni ala manèh, main lan adu jago, banjur jumênêng ratu ing pulo Bali.

Cuthêl.

--- [1265] ---

Ôngka 80, Rê Wa, 1 Ruwah Ehe 1868, 6 Oktobêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babaran enggal! Babaran enggal!

MARGANING URIP

Cariyos satunggaling malaekat kasiku dhatêng Ingkang Damêl Gêsang, dipun dadosakên manungsa limrah, nama Misèl. Sarêng sampun sawatawis laminipun kêmpal kalihan manungsa, Misèl sagêd nyumêrêpi punapa ingkang dados awisanipun Ingkang Kuwaos. Wusana Misèl wangsul dados malaekat malih.

Lajêng dipun sambêti cariyosipun: ILYAS. Satunggaling tiyang sugih ingkang lajêng mlarat. Nanging sarêng mlarat malah rumaos bêgja lan sênêng gêsangipun.

Dipun sambêti malih cariyos LAS-LASAN BÊRAS SAÊNDHOG PITIK. Satunggaling ratu kagungan barang ingkang sakalangkung anèh, agêngipun satigan ayam, wujudipun kados las-lasan uwos. Para sagêd botên wontên ingkang sagêd mastani barang wau. Lajêng wontên tiyang sêpuh ingkang sagêd nêrangakên bilih barang wau sajatosipun inggih uwos. Uwos jaman rumiyin.

Cariyos tigang warni kasêbut ing nginggil punika nênarik manah saèstu, sarta ngêmu piwulang ingkang lêbêt. Prayogi dipun sumêrêpi ing para mudha tuwin para wrêdha.

Kangge icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun:

Cariyosipun Misèl: "Saikine aku ngrêti, yèn uwong iku uripe ora jalaran saka anggone ngrêmbug marang awake dhewe, nanging jalaran saka katrêsnan, kawêlasan utawa asih.

Wong kang dadi biyung, ora kaparingan wêruh apa kang dadi kabutuhane anake murih bisane urip. Wong kang sugih-wugih ora pinarêngake wêruh apa kang prêlu tumrap awake. Sarta iya ora ana wong kang pinaringan wêruh, sing dibutuhake iku apa? Apa sêpatune kanggo wong urip, apa trumpah kanggo wong arêp mati.

Anggonku bisa urip nalika tinitah dadi uwong iku ora sabab saka olèhku njaga marang uripku dhewe, nanging sabab saka anane rasa asih, rasa wêlas utawa rasa trêsna, kang dumunung ana ing atine wong lanang kang liwat sandhing panggonanku andheprok, utawa kang dumunung ana ing atine bojone.

Dene bocah kang ditinggal bapa biyungku iku bisane slamêt uripe iya ora saka anggone njaga marang uripe dhewe, nanging jalaran saka anane rasa wêlas, rasa trêsna kang dumunung ana ing atine wong wadon kang dudu apa-apane.

Mangkono uga wong-wong kabèh mau, bisane urip ora jalaran saka anggone rumêksa marang uripe dhewe, nanging jalaran atine wong-wong padha kadunungan rasa asih, rasa wêlas lan rasa trêsna.

Dhèk biyèn sing dakngrêtèni mung Pangeran olèhe paring urip marang uwong-uwong, sêbab krêsane pancèn supaya uwong-uwong bisaa urip. Saiki liyane kuwi ana manèh:

Yaiku ora dadi kaparênge Sing Kuwasa yèn wong urip mung arêp mikir marang awake dhewe. Saka krêsane Sing Kuwasa urip kudu kanggo sapadha-padha. Jalaran saja kagungan krêsa mangkono mau, mula iya ora dhawuh apa kang dadi kabutuhane siji-sijining wong urip tumrap awake dhewe. Sing didhawuhake apa kabutuhane wong urip tumrap wong akèh, dadi iya tumrap awake dhewe, lan tumrap sapadha-padha.

Kajabane iku aku saiki iya ngrêti, yèn wong kang duwe rumangsa yèn uripe iku saka pangrêmbuge dhewe, iku satêmêne klèru. Wong ora bisa urip saka pangrêmbuge dhewe, nanging kudu saka katrêsnan, saka asih, saka kawêlasan. Awit sapa kang winêngku ing katrêsnan, ing asih, utawa wêlas, iya kawêngku ing Pangeran. Kosokbaline Pangeran, iku iya mung bisa winêngku dening uwong kang kadunungan trêsna, wêlas lan asih. Awit sanyatane sipate Pangeran iya wêlas, iya trêsna, iya asih.

__________

Ngètên nggih, mas, nèk kula pikir ngotên, pancèn inggih sanès lêpate kasugihan, dene dhèk kula sugih, botên sênêng, sarta nggih sanès panggawene si kêmlaratan dene barêng mlarat kula lajêng sênêng. Ontêne dhèk kula sugih ati kula botên sênêng, botên jênjêm, niku sababe awit angsal kula pados kasênêngan luput panggonane. Kula wastani kasênêngan niku dununge mung èntên bandha mawon. Dados sing kula udi nggih mung bandha. Rina wêngi angsal kula golèk tanpa lèrèn. Lèrèn-lèrèn jam tilêm. Botên nate kula tiyang kalih sok mijèkakên jam kangge omong-omongan, kangge rêmbugan. E, ngrêmbug kautaman, karêp kula. Niku botên nate. Pikiran kula mubêng mungsêt mung têng bandha. Awan kula golèki, bêngi kula kuwatirake yèn dicolong uwong. Têng wong liya, têng batur anane mung sujana. Kuwatir yèn nganti gawe kurange bandha sing kula kêpengini. Dadi ati kula niku mung tansah ngandhut dosa. Dosane dene ndakwa sing botên-botên têng wong sing botên punapa-punapa." Awit satêmêne batur-batur kula niku sae-sae sadaya. Lajêng jaran, sapi, wêdhus, sapiturute, niku anggêr diêngon, digawa lunga saka ngomah, ati kula ênggih êmpun dhêg-dhêgan, sumêlang nèk dibadhog kewan galak.

Lajêng ontên malih sing saya damêl rungsêbing manah, ênggih niku angsal kula kêrêp pabên kalih kanca jalêr. Ing bab ngumpulake bandha; kula tiyang kalih nika padha mêmpênge. Kula mêmpêng, kanca jalêr inggih mêmpêng. Jalaran saka mêmpênge wau sok lajêng cêngkah. Ngriku kêncêng, kula kêncêng, dados lajêng pabên!"

Dhayohe takon: "La sanikine pripun?"

Sanikine êmpun ewah, sabab sêdantên mawon sing marakake rungsêb têng manah êmpun sami kula bucali. Kuwatos napa-napa botên gadhah. Sujana têng wong liya ênggih botên. Nèk sêla pagawean kula tiyang kalih sami mrêlokakên omong-omong, ngrêmbug bab kautaman, ngrêmbug kuwasane Sing Gawe Urip. Sêdantên wau anjalari manah kula lajêng sênêng, têntrêm. Dèrèng nate kula ngraosakên sênêng kados saniki. Sèkêt taun angsal kula krênggosan mlayu-mlayu, golèk kasênêngan. Ning tibane katêmune jêbul barêng êmpun mlarat.

Krungu katrangane bojone Ilyas mêngkono mau, dhayoh-dhayohe padha gumuyu, katon yèn ora anggugu. Ilyas satêngah nêsu, kandha: "Sampun sami gumujêng, sadhèrèk. Mênika sanès gêgujêngan, nanging kanyatahan, inggih punika kanyatahaning gêsang. Ingkang Kuwaos sampun paring èngêt dhatêng kula tiyang kalih. Pêparingipun Ingkang Kuwaos wau dening semah kula kala wau sampun dipun aturakên dhatêng panjênêngan. Botên awit saking nuruti manah sênêng, nanging awit saking pangeman. Inggih punika ngeman dhatêng panjênêngan sadaya, sampun ngantos anggènipun manggih sênêng, ndadak mawi patumbas kadosdene kula."

__________

Andadosakên kauningan dalêm gusti. Pantun ingkang wosipun samantên, punika jamanipun kawula taksih tumindak ing damêl, nama limrah. Sarta ingkang sami kawula têdha, inggih wos ingkang samantên-samantên punika. Ingkang nanêm kawula piyambak, ingkang ngênèni inggih kawula piyambak.

Sang prabu gumun, kêpengin ndangu manèh: "Mungguh sawah kang koktanduri, iku sawah kang kaya apa?"

Wong tuwa mangsuli: "Nuwun inggih sabin limrah, sabin kagunganipun Ingkang Kuwaos. Awit jaman samantên, sabin ingkang dados sabinipun tiyang punika inggih sabin ingkang sawêg kagarap. Botên wontên caranipun tiyang ndhaku siti kaakên dados gadhahanipun. Ingkang nama gadhahanipun tiyang, punika namung baunipun. Wondene siti têtêp dados kagunganipun Ingkang Kuwaos."

Sang prabu gèdhèg-gèdhèg saka gumune, banjur ndangu manèh: "Ana manèh, paman, sing arêp daktakokake marang kowe. Sapisan: yagene jaman kunane pari bisa mêtu samono, nanging saiki ora. Kang kapindho: yagene putumu olèhe mlaku nganggo têkên loro, anakmu mung siji, barêng kowe ora têkênan babarpisan. Mangkono uga pandêlêngmu, pangrungumu, lan untumu isih sarwa wutuh, tur caturanmu iya isih cêtha. Ngungkuli anakmu apadene putumu."

Wong tuwa munjuk mangsuli: "O, kawuningana, gusti. Wontênipun kados makatên, awit tiyang-tiyang punika gêsangipun botên awit saking anggènipun nyambut damêl piyambak, utawi malih rêmên melik dhatêng darbèking sanès. Botên kados tiyang jaman kawula rumiyin. Tiyang gêsang namung ngèstokakên dhawuhipun Ingkang Kuwaos. Sampun marêm utawi narimah kalihan gadhahanipun piyambak, botên kêpengin utawi mamrih dhatêng gadhahanipun sanès."

__________

Manawi badhe priksa jangkêping cariyos, kula aturi nyatakakên mundhut Sêrat "MARGANING URIP", têmtu botên badhe kacuwan. RÊGINIPUN NAMUNG f 0.24

WÊDALAN - BALE PUSTAKA - BATAVIA-CENTRUM.

--- [1249] ---

Ôngka 80, Rê Wa, 1 Ruwah Ehe 1868, 6 Oktobêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Rêdi Kurinci - Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta - Kawontênan ing Tiongkok - Lindhu Agêng - Kêthoprak Mardiwandawa - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Rêdi Kurinci

[Grafik]

Sawangan Rêdi Kurinci, Sumatra, ingkang dèrèng dangu punika kawartosakên angêdalakên kukus kandêl.

--- [1250] ---

Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta

Nyambêti Kajawèn kapêngkêr, sarawuh dalêm ing gupêrnuran, kangjêng tuwan ingkang wicaksana tuwin sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana lajêng tumêdhak saking titihan, kangjêng tuwan ingkang wicaksana kaapit-apit tuwan gupêrnur ing Surakarta kalihan militèr komandhan. Sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana kakanthi tuwan residhèn kitha. Ing ngriku para prajurit ingkang nyambêti kareta pandhèrèk pungkasan, lajêng lumampah baris wontên ing ngarsa dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana.

Sasampunipun lênggah sawatawis, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana lajêng pamitan kondur angadhaton. Ing dintên Rêbo sontên, kangjêng tuwan ingkang wicaksana ngwontênakên rêsèpsi wontên ing gupêrnuran.

[Grafik]

Gambar kiwa: Kangjêng tuwan ingkang wicaksana jumênêng kaapit-apit dening Tuwan Gupêrnur Orie tuwin sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana. Nginggil: prajuri dalêm karaton Surakarta baris wontên ngarsa dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana.

Ing dintên Kêmis tanggal kaping 23 Sèptèmbêr jam 8 enjing sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana têdhak pisitê dhatêng gupêrnuran, mawi kinurmatan mariyêm. Sasampunipun kundhisi, watawis jam 9 enjing, sampeyan dalêm ingkang sinuhun [si...]

--- 1251 ---

[...nuhun] ingkang minulya saha wicaksana kondur ngadhaton.

Nunggil dintên wau wanci jam 10, kangjêng tuwan ingkang wicaksana malêbêt ing karaton. Sasampunipun satata lênggah, kawontênakên kundhisi, sapisan wilujêng dalêm sri bagendha maharaja putri, ingkang mangandikakakên kangjêng tuwan ingkang wicaksana.

[Grafik]

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana lênggah wontên kagungan dalêm palênggahan, bale bukasri, nalika têdhak dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana malêsi mara tamu dhatêng kraton ing dintên Kêmis kaping 23-9-37.

Kaping kalih, wilujêng dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana, ingkang mangandikakakên sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana. Kaping tiga, wilujêng dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, ingkang mangandikakakên tuwan gupêrnur. Kaping sakawan, wilujêngipun tuwan gupêrnur, ingkang mangandikakakên sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana. Antawis jam 10.50 kangjêng tuwan ingkang wicaksana lajêng pamitan.

Sontênipun ing karaton kawontênakên bujana larihan, ngaturi kangjêng tuwan ingkang wicaksana. Sasampunipun lênggah sawatawis, lajêng badhayan, gêndhing pangkur, dhahar larihan. Sabibaring badhayan, kangjêng tuwan ingkang wicaksana dipun aturi mriksani dalêm prabasuyasa, saha upacara dalêm, lajêng wangsul lênggah malih mriksani lêlangên dalêm wirèng, nglajêngakên dhahar malih. Jam 10.45 kangjêng tuwan ingkang wicaksana kondur.

Ing dintên Jumuwah tanggal kaping 24 Sèptèmbêr jam 8.10 kangjêng tuwan ingkang wicaksana têdhak ing Ngayogyakarta, nitih sêpur ingkang bidhal jam 9. 30 enjing. Sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana nguntapakên dhatêng Balapan.

Sawarnining lampahing kala punika sami lampah agêng, kadosdene tata kalimrahanipun manawi ing karaton dalêm wontên tamu gupêrnur jendral.

--- 1252 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Dumuginipun sapunika paprangan ing Tiongkok dèrèng wontên sudanipun, malah kapara langkung rame. Miturut wartos, ing wanci dalu ing Sanghai kêmirêngan wontên suara jumêgur sakalangkung sora, punika dados pratandhaning badhe papranganipun rêrêmpon wadya mriyêman Tiongkok ing Putung kalihan kapal-kapal pêrang Jêpan.

[Grafik]

Untabipun têtiyang ngungsi dhatêng liya panggenan ing laladan Syanghai nuju ngambah krêtêg ing lèpèn Suko.

Jalaran saking kathahing jêblosan, jandhela-jandhela ing Hongkong, Syanghaibang tuwin griya sanès-sanèsipun sami pêcah.

Wadya Tiongkok têrus anjawahi mimis dhatêng kapal-kapal pêrang Jêpan tanpa kêndhat. Campuhipun wau ngantos kalih têngah jam.

Tumrap Jêpan, ugi botên nguciwani, panêmpuhipun tanpa pilih, tansah ngansêg ngantos sagêd andhêsêg dumugi ing Kiyanggwan, sakilènipun margi sêpur Wusung-Syanghai. Miturut wartos, enjingipun Jêpan sampun sagêd ngêbroki Kiyanggwan. Salajêngipun wadya Jêpan ngangsêg dhatêng Liyuciyahang.

Gêntos ing pabarisan Tiongkok, ing Capèi ugi dipun têmpuh ing wadya Jêpan, nanging pabarisanipun Tiongkok ing ngriku pinanggih sakalangkung kiyat, botên kenging dipun gêgampil. Pinanggihipun ing ngriku dados pêpêrangan sakalangkung rame, motor mabur Jêpan anjawahi bom, dipun lawan wadya mriyêman Tiongkok saking ngandhap.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, Jêpan pancèn nêdya nêmpuh Tiongkok ing saênggon-êngon, punika nyatanipun pinanggih ing sapunika. Kapal-kapal pêrang tuwin motor mabur Jêpan, sami sêsarêngan nêmpuh Pakhoi, kathah sangêt baita-baita alit ingkang sami kèrêm tuwin kêbêsmi jalaran saking pandamêlipun kapal pêrang Jêpan.

--- [1253] ---

Panêmpuhipun Jêpan saya sêrêng, sasampunipun têmpuh sakalangkung rame, Jêpan kalampahan sagêd ngrêbat margi sêpur Syanghai-Wosung, malah nglanjak langkung têbih malih, nanging Tiongkok inggih taksih sagêd ngêkahi margi-margi sêpur ingkang langkung wigatos. Kajawi punika cucuking pabarisan Jêpan sampun sagêd ngambah margi-margi ing Capèi, namung têtindhipun taksih wontên sajawining kitha. Tumrap wadya lautan Jêpan sagêd ngêbroki papan-papan ing pasisir.

Ing ngriku Jêpan katingal jayanipun. Nanging lampahan punika manawi badhe rame, nyarêngi môngsa rame-ramenipun pêrang, têtiyang ing Mansukuwo pinanggih sami ambalela, Jêpan kêpêksa nindakakên panyirêp kanthi ngangkatakên wadya 60.000. Ngèngêti môngsa ingkang sawêg kados makatên punika, ebah-ebahan wau pinanggihipun ugi angganggu damêl dhatêng Jêpan.

Ing bab gêgayutanipun nagari sanès kalihan paprangan punika inggih tansah wontên kemawon. Kados ta wontên wartos bilih Ruslan gadhah panêdha supados paprangan punika kalajêngna ngantos tigang wulan malih, supados Ruslan sagêd kintun bêbantu dhatêng Tiongkok. Sayêktosipun wartos ingkang kados makatên punika pinanggihipun wontên ing jawi sampun sumrambah, malah loking akathah, Ruslan pancèn sampun angêmori damêl.

[Iklan]

Tumrap Amerikah, pancèn nêdya têtêp ngadêg nunggak waru, botên nêdya ilon-ilonên mrika-mriki, nanging ugi tansah ngudi murih paprangan punika lajêng sagêd sirêp. Tindakipun Amerikah ingkang makatên punika, pinanggihipun adamêl kasantosaning adêgipun polkênbon, tuwin [tuwi...]

--- 1254 ---

[...n] pancèn pinanggih wigatos. Mênggah kawigatosan ingkang pinanggih tumrap Amerikah, punika botên kok jalaran saking anggènipun botên ilon-ilonên, awit sayêktosipun ugi tumut cawe-cawe, kados ta ing bab panyaruwenipun dhatêng Jêpan anggèning gadhah tindak siya, nêmpuh dhatêng papan ingkang damêl kasangsaraning akathah, ngantos ngicalakên raos kamanungsan.

Manawi ngèngêti wontêning paprangan kados makatên punika, tumrapipun Tiongkok pancèn inggih taksih sarwa kêkirangan dêdamêl, mila ugi tansah mêling dhatêng nagari sanès. Ing sapunika parentah Inggris sampun amaringi palilah dhatêng pabrik motor mabur Inggris, anampèni wêlingan motor mabur saking Tiongkok. Wêlingan wau sami kemawon kalihan motor mabur ingkang dipun angge Inggris piyambak. Malah botên dangu lajêng badhe dipun kintunakên.

Samantên ugi Jêpan, sawarnining baya pakèwêt ingkang badhe ngengingi Jêpan, punika tansah dipun wigatosakên, dene ingkang dipun wawas yêktos, punika namung tindakipun Ruslan, awit punika kalêbêt tôngga ingkang langkung ambêbayani, sisip sêmbiripun badhe damêl sangsara yêktos. Nanging ugi wontên malih ingkang langkung damêl samaripun Jêpan, inggih punika bab tindakipun nagari-nagari sanès anggènipun nyatru dhatêng Jêpan, punika tamtu badhe damêl kapitunanipun Jêpan yêktosan. Ing bab wartos pambiyantunipun Ruslan dhatêng Tiongkok, punika botên namung wara kemawon, malah miturut wartos ingkang kantun, Ruslan sampun ngintunakên obat mimis mêdal ing golonganing wadya Tiongkok golongan abrit, prêlu kangge nanggulangi Jêpan ing Tiongkok sisih lèr. Minôngka gampiling lampah ing ngriku kawontênakên margi saking Ruslan dhatêng Tiongkok Lèr, dados kenging dipun wastani gêgayutaning damêl Ruslan kalihan Tiongkok sampun cakêt sangêt sêsambêtanipun.

Kajawi punika Ruslan ugi sampun ngintunakên pirantos kangge nanggulangi motor mabur dhatêng Nanking, malah dêdamêl wau ugi sampun dipun pigunakakên kangge nanggulangi panêmpuhing motor mabur mêngsah.

Sarêhning sadaya wau nama taksih wontên salêbêting tumindak, dèrèng sagêd ngintên-intên badhe kawusananipun.

--- [1255] ---

[Iklan]

--- [1256] ---

Lindhu Agêng

[Grafik]

Lindhu sagêdhagan punika pinanggih agêng, tuwin kenging dipun wastani maradini ing satanah Jawi. Dene ingkang pinanggih kêtênggêl piyambak ing Ngayogyakarta tuwin Surakarta.

Gambar nginggil piyambak, griya pagantosan partikêlir ing Prambanan. Ing ngriku katingal pêdhot-pêdhotaning tembok, nandhakakên agênging lindhu.

Gambar têngah: toko Tionghwa ing Prambanan, jalaran saking agênging lindhu, griya wau rêmuk, wuwunging griya pêdhot.

Gambar ngandhap piyambak: griya pagantosan ingkang risak dipun tingali saking ngandhap, nalika dipun titipriksa dening ingkang gadhah.

Tetiyang ingkang sami wontên sanginggiling griya, sami andandosi karisakan.

--- [1257] ---

[Iklan]

--- [1258] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Kêthoprak Mardiwandawa.

III

Petruk : ambanjurake panyandrane pamaine kêthoprak Mardiwandawa, kang Garèng. Anggone Pangeran Adipati Anom mrêjaya Rara Hoyi sarana dilimpèkake, anggone sauwise banjur ngêbruki lan nangis mèwèk-mèwèk, anggone layone Lara Hoyi dibopong-bopong sajak moh pisah, lo kuwi kabèh, saka pintêre anggone main, nganti gawe grêgêle atine wong nonton. Dalasan makne Kamprèt bae, sing lungguhe jèjèr karo aku, ing kala samono banjur pilêg dadakan: sêntêlup-sêntêlup, kêlamêt. Iki suwarane anggone nyrêbèti nganggo sapu tangane.

Garèng : iya ora mèmpêr, nèk sing diunèkake: kêlamêt kuwi rak wong sing andilati bubur kae. Iya, Truk, maine pancèn iya kaya tênan-tênana kae. Sabanjure ing kono nuli digambarake katêgêlane Sunan Amangkurat. Ingatase wis samono abote paukumane Pangeran Adipati Anom, kathik isih nganggo dilanjari manèh, ya iku Pangeran Adipati Anom kudu lunga saka dalêm kadipatèn kono, lan dalêm kadipatèn kudu diobong nganti gusis.

Petruk : lha, kuwi prabawane cintah, kang Garèng, sok banjur anglalèkake kamanungsane, kowe bae kêpriye dhèk biyèn, nalikane kowe andhèdhèki Mas Rara Plênuk kae. Lo, prawan sing punukên, barêng Rara Plênuk iki dialap wong liya, apa kowe ora banjur soroh amuk, nganti kabèh-kabèh kok rampungi, lha, sorene simbok banjur kapêksa…ngliwêt manèh.

Garèng : wayah, kathik ngêlèh-êlèhake nyang jaman ja-makjuja mêngkono. Ora, Truk, saka tega lan têgêle sang rama dewaji Sunan Amangkurat mau, yèn ing wusana putrane, ya iku Pangeran Adipati Anom banjur kêtuwuhan ati sêngit marang ramak, lo, kuwi kok iya rada mèmpêr, ya, Truk.

Petruk : patrape wong tua utawa anak sing kaya mêngkono kuwi pancène iya rada ora kêpenak kanggo tongtonane wong akèh, sabab ing jaman saiki kiyi akèh wong nonoman sing anggêmbèlèng, kuwatirku yèn banjur ana sing duwe pikiran: mula iya bênêr bangêt, sanadyan wong tuwa pisan, yèn tindake ora gênah, iya kudu dilabrag. Wah, rak ya ora ngajak agama iki arane. Ewasamono tongtonan kêthoprak ora kêna disalahake, malah pantês dialêmbana, jalaran kajaba ing kono mung arêp mitongtonake lêlakon sing sabênêre, saka pintêre sing padha main, ing kono banjur bisa anggambarake kanthi cêtha, sanadyana kuwasa dikaya ngapa, yèn banjur duwe tindak ambêk siya lan sawiyah-wiyah, suwe-suwe iya bakal nêmu rubeda. Rak iya, ta, kang Garèng.

Garèng : mupakat, Truk. Wong aku dhewe wis anglakoni. Nalikane aku pangantèn anyar, patrapku nyang bakyumu kuwi mula iya sawiyah-sawiyah bangêt, bakyumu lunga ora pamit, tak [ta...]

--- [1259] ---

[...k] dukani, ngliwêt sangit, tak paido panjang lebar, lunga nglurug cêki, tak labrag, nganti tak taboki barang, tak taboki, Truk, tak taboki. Wong iya tindakku ambêg siya, suwe-suwene mbakyumu banjur ambalela, wani karo aku, wong aku rumasa wis salah, iya banjur narima, mulane patrape bakyumu nyang aku mêngkene mêngkono, aku iya banjur langganan: nrima têrus-têrusan, sabab iya kuwi mau, aku wis andhisiki mau-maune duwe tindak ambêg siya.

Petruk : iya, kang Garèng, nanging kaya-kaya wiwit kowe dadi karo bakyu, bakyu tansah jumênêng:…guru rabimu. Wis, wis, kang Garèng, saiki ambanjurake rêmbuge ing ngarêp. Adêgan kang kaping lima, iya iku padunungane Panêmbahan Rama ing Kajoran. Ing kono sang panêmbahan katon lênggah ingadhêpan nyai panêmbahan, sarta putrane wadon, Rara Idayat.

Garèng : wah, iya, Truk, maine Panêmbahan Kajoran jan jêmpol, Truk, anggone buyutên awak sakojur, nelakake yèn wong tuwa têmênan, saka anggone titis wicarane, ambuktèkake dudu bangsaning sêpuh sêpah, nanging wong tuwa kang sugih pitutur lan sugih japamôntra, dadi pantês ingaji-aji. Mangkono uga sing dadi nyai panêmbahan, maine iya wis mathuk, dene sing dadi putrane wadon, Rara Idayat, pancène rupane olèh, dêdêg piadêge sêdhêng, lan yèn gêlêm maine mula iya ngrêsêpake, mung bae rada kakehan anggone digawe-gawe, sok mêcuca-mêcucu cilik, banjur sirahe gèdhèg-gèdhèg sajak buyutên, wadhuh, rasane aku nganti…katonên bae.

Petruk : wiyah, wiyah, kang Garèng kiyi apa nacad, apa ngalêm, sabab dhisike kayadene muni mangkene: yak, kok kakehan lêlewa têmên, iya anjuwarèhi, nanging wusanane …katonên bae. Wiyah, kang Garèng, kowe kuwi ambok aja sok ngaruh-aruhi solah-tingkahing uwong, awit siji-sijining uwong kuwi, sok duwe saradan dhewe-dhewe, kaya ta: ana uwong sing yèn ditakoni, saradane sok nguntir-untir brêngose, sanadyan brêngose limang lêr, ana manèh wong omong sing duwe saradan dhèhèm, upamane bae mangkene: ainggih mênika, ta mas, hêk, hêm. Randha ing ngajêng punika manawi sampun macak, wah, hêk, hêm, hêk, hêm…

Garèng : wayah, saradane wong sir kuwi, bênêr, dhing, Truk, kayadene saradanamu bae, saya gupruk omonge, saya rame drijimu anggone ngulêg-ulêg…bolonganamu irung.

Petruk : hara, kok banjur ngêlèh-êlèhake [ngêlèh-êlèh...]

--- [1260] ---

[...ake] sing iya-iya mêngkono. Wis, tak banjurne manèh panyandraku. Sajrone sang panêmbahan sagarwa putra padha rêrêmbugan mau, dumadakan ana dhayoh, kang Garèng, yaiku: Radèn Trunajaya saka Sampang, Mêdura. Mungguh sing dadi Radèn Trunajaya iki, pancène mono iya bagus, brêgas, trêngginas, tandang lan pamaine mula pantês ingalêmbana têmênan, pancène mono iya sing dadi Trunajaya iki sing kêna diarani têtunggule (bintange) para pamain ing kêthoprak kono. Mung bae emane dene…

Garèng : wis mangrêti aku, Truk, ora prêlu omongmu kok banjurake, aku wis nyandhak. Mula wis dadi saradanamu, nèk wêruh wong wadon upamane, yèn wujude ala, jarene mêlas bangêt, nanging yèn wujude ayu, kêpengin ngajak nyang dalême mas pêngulu, dadi anggêr wong wadon, karêpe: mau samah sekali. Kosokbaline yèn wêruh wong lanang, nèk ala rupane, jarene arêp mutah, nanging nèk bagus, kudu arêp nyongkol, apa karêpe: wong lanang kudu ora ana kabèh, mung dhèwèke dhewe bae sing lanang. Gênah-gênahe karo sing dadi Radèn Trunajaya, apa ati panas, kaya ta lêpo sapi. Kuwi iya mèmpêr, sabab, aku iya ora arêp ngalêm, sing dadi Radèn Trunajaya kuwi pancèn iya brêgas, trêngginas, canthas, kathik luwês, gandês, kèwês, lan mlêpês, pantês saupama diunèkake sri panggunge pamain kêthoprak kono.

Petruk : ora, kang Garèng, mungguh sabênêre mono, rata-rata pamaine kêthoprak Mardiwandawa iki, mula padha pintêr-pintêr. Ing sarèhne aku ora wêruh jênênge siji-sijine, saiki tak kandhakake ngêndi sing pantês ingalêmbana nalikane anjupuk lakon Pangeran Darpa.

Sing dadi Pangeran Darpa, wah, nyata urip maine, anggone ngatonake le brangasan, têgêlan, tegan, lan ambêk siya, kaya iya-iyaa kae. Saupama dibijènana mono: 9, kang Garèng. Sing dadi Pangeran Kayun, adhine Pangeran Darpa, sing sok main dadi Trunajaya, kaya padatan maine: jêmpol. Sing dadi Losari, êmbane Pangeran Darpa nanging ngiras-ngirus Durnane Pangeran Darpa, anggone main dadi wong drêngki, jail lan sapadhane, wèh, pancèn iya mèmpêr têmênan. Sing dadi Patih Danupraja, bapakne Trusthi, bijine 9 1/2. Sing dadi Rudatin, kapala rampog wadon, sajak kênès amrèthèli, nanging amantêsi. Sing dadi Trusthi utawa Trustha, cara Landane: poldhundhê. Badhut, Atmanadi, kaya padatane, gawe sênênge wong nonton saka dening lucune, emane dene ing sêmu kayadene ora bisa sambung karo lêlawanane.

Garèng : wèh, Petruk kiyi kathik sasat gawe propagandhah kêthoprak Mardiwandawa, ane, wis, wis, samene bae. Iya ora jangji aku, yèn mêngkono kuwi. Ewasamono, sapisan kiyi kêna, Truk, sabab malêm Sabtu tanggal 8/9 ngarêp iki, kêthoprak mau arêp gawe tongtonan sing olèh-olèhane 100% arêp didarmakake nyang pagawean amal, dadi dipropagandhakake cikbèn para priyapriyayi. sing sok mêrêm bae kuwi, padha kêrsa ngrogoh kanthonge sathithik.

--- 1261 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pindhahan doktêr. M. Sumali Ind. Arts rumiyin dienstverbandleerling Nias, ingkang nyambut damêl ing Pakaryan Kasarasan ing Surabaya, kapindhah dhatêng Bêtawi kabantokakên dhatêng pangagêng Malariabestrijding.

Rupelin ing Bêtawi. Miturut wartos, Rupelin sampun ngawontênakên pang wontên ing Bêtawi. Manawi ada-ada punika majêng tamtu badhe tumular ing sanès-sanès panggenan ingkang dipun dhatêngi baita-baita ing tanah ngriki.

Têtiyang ingkang sakit pest ing tanah Jawi. Miturut palapuran, wiwit tanggal 10 Juli dumugi 7 Augustus taun punika, têtiyang ingkang sakit pest ing satanah Jawi wontên 188, tiwas 187.

Ingsêr-ingsêran guru. Kawrat kêkancingan saking ingkang Bupati Pasuruan, Tuwan Parusam, wd. pangajêng guru ing Inlandsche Vervolgschool ing kraton, kapindhah dhatêng Nangkajajar, distrik Kêboncandhi. Tuwan Afandi alias Ciptawibowo wd. pangajêng guru Inlandsche Vervolgschool ing Nangkajajar kapindhah dhatêng Kraton.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Guprênur ing Jawi-Wetan, M. Sukiswa, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Paresidhenan Surabaya, dados tijd. wd. asistèn wêdana ing Paresidhenan Surabaya, R. Sumarno, juru sêrat klas 1 Paresidhenan Surabaya, dados mantri pulisi Paresidhenan Surabaya.

Anggêgana dhatêng Makasar. Lampah anggêgana saking Surabaya dhatêng Makasar sampun kalampahan kabikak, kathah ingkang sami tumut nyobi anggêgana, Tuwan Gupêrnur Jawi Wetan ugi tumut anggêgana. Nalika motor mabur anggêgana wontên sanginggiling lautan Makasar Surabaya, dados wangsulipun, ingkang inggilipun 3500 m, hawanipun pinanggih sae, ngantos dumugining Surabaya malih wilujêng, botên kirang satunggal punapa. Anggêgana kapisanan punika kathah ingkang migatosakên.

Gêndhis ing tanah ngriki rêndhêt lampahipun. Jalaran saking wontênipun paprangan ing Tiongkok, tumrap kintunan gêndhis saking tanah ngriki dhatêng Syanghai botên sagêd katindakakên, sagêdipun dumugi ing Tiongkok namung kaandhapakên dhatêng palabuhan-palabuhan ingkang sêpên ing pakèwêd.

Gêrbong N.I.S. kêbêsmi. Sampun sawatawis dintên, wontên gêrbong barang N.I.S. ingkang ngêwrat kajêng obong kêbêsmi, kasumêrêpanipun kabêsmi nalika sêpur nuju mlampah badhe dumugi Sumbêrrêjo, lajêng kasirêp mawi pompa. Nanging sarêng sêpur lumampah malih kasumêrêpan murub, lampahing sêpur kêpêksa kalajêngakên dumugi Babat, ingriku sawêg kenging kasirêp saèstu.

Dayanipun propaganda kapuk. Ing kala Nagoya, Jêpan, wontên tentoosteling, tanah ngriki ugi ngintunakên wêwakil kanthi barang-barang asil pamêdalipun tanah ngriki, barang-barang wau ingkang pinanggih wigatos piyambak kapuk. Ing sapunika bab wau sampun kêtingal wohipun, wêlingan kapuk saking Jêpan pinanggih kathah. Ing salêbêtipun wulan Augustus kêpêngkêr, kapuk ingkang kakintunakên dhatêng Jêpan sampun wontên 23.803 kg. ngungkuli kalihan ingkang dipun kintunakên dhatêng Amerika, Australie tuwin Nieuw-Zeeland.

[Iklan]

Zwavelzuur wutah damêl bêbaya. Sampun sawatawis dintên ing Bandung Wontên grobag ngêmot êwavelêuur saking Rathkamp badhe kabêkta dhatêng panggenaning bangsa Tionghwa. Nalika lampahing grobag dumugi alun-alun, êwevelêuur wau njêblos saking wadhah, ambalabar wontên ing margi. Ingriku wontên tiyang numpak sêpedha langkung lajêng kaplèsèt jalaran lunyu, saha salajêngipun ingkang numpak dhawah, kenging wutahan êwaêvelêuur wau, anjalari sandhang panganipun kabêsmi tuwin mlocot badanipun. Ingkang nêmahi kados makatên wau wontên tiyang 5.

Pamulangan luhur Doktêr. Katêtêpakên dados arts, wêdalan pamulangan luhur Doktêr ing Bêtawi, Tuwan Sadikun.

Lindhu ingkang waradin ing pundi-pundi. Kal ing dintên Sênèn 27-9-37 wanci kirang langkung satêngah gangsal sontên, wontên lindhu kapetang agêng ingkang maradini mèh ing satanah Jawi, dangunipun kawan mênit. Ingkang pinanggih kathah karisakan ing bawah Surakarta. Ing Wêdi, Klathèn wontên pêndhapa 10 tuwin gudhang 48, pawon 31, mêsjid 2, griya 62 sami karisakan. Ing Bayat, griya asistenan jugrug, Cawas griya 60 ambruk, tiyang kêtaton rêkaos 3. Prambanan griya asistenan risak, griya 35 rêmuk, gudhang agêng pabrik gêndhis Cepèr bêngkah, pipa pabrik Gondhang ambruk, pabrik Cakra bêngkah ing perangan ngajêng. Ing Wêdi wontên tiyang tiwas 5. Malah miturut wartos malih wontên griya gêdhong cacah 100 sami ambruk.

Prangko kangge mitulungi tiyang mlarat. Sampun sawatawis dintên kawartosakên bilih Asib badhe ngêdalakên prangko amal wiwit tanggal 1 December ngajêng punika dumugi wulan Juli 1938. Mênggah lêrêsipun namung dumugi tanggal 10 Januari taun 1938, nanging pajêngipun taksih lajêng dumugi wulan Sèptèmbêr 1938.

--- 1262 ---

Ngèngêtakên, sampun wangsul dhatêng Syanghai. DiercteurDirecteur. J.C.J.L. mêntas tampi wartos saking Syanghai, bilih kawontênanipun ing Syanghai taksih têtêp dèrèng ewah. Ing sapunika wontên pamrayogi, supados tumrap golongan èstri sampun ngantos wangsul dhatêng Syanghai, makatên ugi para èstri ingkang sapunika wontên ing Hongkong ugi botên nglajêngakên lampah dhatêng Syanghai. Pamrayogi punika tumuju tumrap bangsa Tionghwa èstri ing tanah Jawi.

Watêsipun nglintokakên arta lami. Directeur babagan Arta Praja angèngêtakên, bilih wiwit tanggal 1 Januari 1938 nutup bab tumindaking nglintokakên arta lami. Bab punika lajêng botên katindakakên malih ing gêdhong Arta Nagari tuwin kantor pos ingkang kapatah padamêlan dening gêdhong Arta Nagari ingkang kasuwak.

Lindhu ing Kutoarjo. Ing bab lindhu kados ingkang sampun dipun wartosakên, saha maradini ing pundi-pundi, punika tumrap ing Kutoarjo ugi kathah karisakan. Miturut papriksan, cacahipun griya ingkang ambruk wontên 150.

Pamulangan dagang alit. Ing Bêtawi kawontênakên bikaan cursus guru-guru kangge pamulangan dagang alit. Pamulangan dagang alit wau badhe dipun wiwiti wontên ing wulan Augustus 1938. Awit saking kaparêngipun Departement Pangajaran, pamulangan dagang alit wau badhe dipun wontênakên ing Manado, Palembang, Fort de Kock tuwin Banjarmasin.

Congrès Muhammadiyah. Kawartosakên, congrès Muhammadiyah ingkang kaping 26 saèstu kawontênakên ing Ngayogya, dipun wiwiti wontên tanggal 8 dumugi tanggal 15 October punika. Badhe wontênipun Congres punika kathah urunan warni-warni saking pundi-pundi.

Bangsa Tionghoa ing Bêtawi kintun pitulungan dhatêng Tiongkok. Kawartosakên, bangsa Tionghwa ing Bêtawi badhe kintun pitulungan babagan tiyang sakit dhatêng Tiongkok, awarni auto ambulance kados ingkang dipun angge ing tanah ngriki kanthi pirantos jangkêp, jampi-jampi, papan ambêdhèl tuwin sanès-sanèsipun. Doktêripun wontên sakawan, ingkang 1 dokter Tionghwa ingkang gadhah padamêlan, badhe nilar padamêlanipun ingriki, doktêr ingkang 1 malih sawêg dhatêng saking nagari Walandi. Kajawi punika badhe nyinau juru ngupakara tiyang sakit 8. Waragading lampah punika wontên f 27.000.-.

Kapal pamisayan ulam bangsa Jêpan dipun sanjata. Kapal pamisayan ulam bangsa Jêpan nama Tokei Maru ingkang nuju ngambah lautan ingkang dados awisan ing sacêlakipun pulo Dedap tuwin Pengelap, laladan Riow tuwin Lingga, nalika dipun purih kèndêl rambah-rambah botên miturut, lajêng dipun sanjata saking kapal Florès, ngantos adamêl tiwasing tiyang kalih. Tiyang ingkang kêtaton lajêng kabêkta dhatêng Tanjung Pandan, badhe dipun jampèni.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, Tuwan Sayid Hamid bin Moh. Algadrie.

Sêsakit diphterie ing Hollandia. Sampun sawatawis dintên kawartosakên, bilih ing Hollandia, Niew-Guinea sisih lèr tuwuh sêsakit diphterie. Ing sabên dintên mèh wontên tiyang ingkang kêtrajang tuwin andadosakên tiwas. Miturut pèngêtan sêsakit punika sampun ragi dangu, botên kalapurakên dhatêng ingkang wajib. Kasumêrêpanipun nyarêngi nalika tuwan controleur nuju papriksa.

Motor mabur mitulungi babagan kasarasan. Motor mabur Marine ingkang manggèn kêmpal wontên tanah ngriki sisih wetan, mêntas dipun têdhani pitulungan dening golongan B.B. tigang rambahan. Kala tanggal 22 Sèptèmbêr ambêkta jampi suntik diphterie kabêkta dhatêng Hollandia, amargi ingriku tuwuh sêsakit wau. Tanggal 25 Sèptèmbêr inspecteur babagan Kasarasan ing Ambon kabêkta anggêgana dhatêng Makasar, pêrlu mriksa kawontênanipun sêsakit ingkang kakintun sêsakit cholera. Tanggal 29 September, pangagênging motor mabur wau dipun têdhani pitulung supados nulungi tiyang sakit mripat ingkang sangêt ing Amaru, panêdha wau sagêd kasêmbadan, dipun adani saking Ambon dhatêng Amaru.

Tiyang siti dados Gouvernements Secretaris. Sampun sawatawis dintên, wontên wartos bilih badhe wontên tiyang siti kaangkat dados Gouvernements-Secretaris. Ing sapunika sampun kalampahan, ingkang kaangkat wau Mr. Dr. Nazief, satunggiling referendaris ing Algemeene Secretarie.

Kinderzorg ing Surabaya tampi pangalêmbana. Kinderzorg ing Plampitan Surabaya mêntas dipun rawuhi Dr. Theunissen, Dr. Offringa, Dr. Nooy tuwin Dr. Raadshoven. Rawuhipun ingriku punika dipun tampi dening para ingkang majibi ingriku, inggih punika Nyonyah Dr. Syaaf, Nyonyah Sudirman, Nyonyah Zainal tuwin Nyonyah Dr. Gerungan. Para tamu wau sami ngalêmbana dhatêng kawontênaning Kinderzorg punika.

Ingkang angsal loterij. Miturut wartos, ingkang angsal loterij ingkang nêmbe kagêbag punika, tumrap ingkang f 100.000.- dhawah ing Surabaya, ingkang f 10.000.- dhawah Malang, ingkang f 5000.- dhawah Cirêbon, ingkang f 2500.- dhawah Weltevreden, Bêtawi, Medan tuwin Malang, sami nyaprapat.

EROPA.

Sang Mussolini badhe dipun cidra. Wontên wartos, pulisi nyêpêng tiyang kalih ingkang numpak sêpur expres saking Parijs dhatêng Bukarest, amargi tiyang kalih wau dipun dakwa badhe nyidra Sang Mussolini samangsa wangsul dhatêng Italie. Tiyang kalih wau sami kakintên bangsa Prancis, lajêng sami kalêbêtakên ing tahanan. Nalika tiyang wau kapriksa cariyos botên gadhah sêdya ingkang kados makatên.

ASIA.

Ura-uru ing Palestina. Ing Palestina wontên ura-uru, Husein Khalidi, Bergemeester ing Jeruzalem truwin Fuadsaba, ingkang sami dados warganing Raad Agung Arab, sami dipun cêpêng dening golonganing ebah-ebahan. Miturut katrangan sababipun dipun cêpêng wau, jalaran saking wontên panganggêp bilih tatanan ingngriku ingkang gêgayutan kalihan bangsa Arab dipun raos botên sah, mila pêrlu nyêpêng ingkang dados pangajêng. Ing salajêngipun kathah têtiyang golongan katingal ingkang sami dipun cêpêngi. Ing bab punika lajêng dados rêmbag.

Tiyang dipun têmpuh sawêr. Zoltan Kegl satunggalimg ahli mêndhêt suwara kangge film Paramount, nalika sawêg damêl film wontên ing wana tanah Melayu dipun gubêd ing sawêr dumung ingkang panjangipun 1 1/2 m. Sawêr wau anggubêd tangan sangandhap lêngên, Kegl lajêng dipun bêkta dhatêng griya sakit, tanganipun nandhang tatun nanging botên ngrêkaos. Nalika sawêr ingkang nggubêd wau dipun uculi, ngantos dipun tandangi ing tiyang 15.

AFRIKA.

Arak-arakan ingkang ngantos damêl pêpêjah. Ing kalaning nuju mangsa bêntèr, wontên golongan Wafd cacah 50.000 sami arak-arakan wontên sangajênging kadhatonipun nata ing Mêsir, Raja Faruk. Nalika gapuraning kadhaton kabikak, têtiyang ingkang sami arak-arakan wau lajêng sami malêbêt kalihan surak-surak sakalangkung rame. Ingriku wontên tiyang 25 sami tiwas, tuwin 140 sami nandhang tatu, jalaran saking anggènipun suk-sukan. Raja Faruk ugi lajêng rawuh mriksani dhatêng têtiyang ingkang sami nandhang tatu. Dene têtiyang ingkang sami ngajal, sami dipun kubur kanthi waragad nagari.

--- 1263 ---

Wêwaosan

II Lêlampahanipun Dhobrinya.

Mirêng sumbaripun Alyasa ing sêmu ngerang-erang wau, sanalika punika rainipun Tugarin katingal abrit mangar-mangar, nanging dumadakan ing kala punika wontên abdi nata pintên-pintên lumêbêt ing bangsal, ambêkta tong sawatawis isi anggur warni-warni. Lan sanalika punika Tugarin lajêng supe dhatêng sêsumbaripun Alyasa, saha lajêng enggal-enggal nyandhak gêlas pangombenipun. Umumipun para prajurit ing jaman samantên punika sami karêm sangêt dhatêng anggur, lan limrahipun manawi sampun purun ngombe anggur, inggih kathah. Ewasamantên para prajurit ing Ruslan wau, salaminipun gêsang mêksa dèrèng nate mrangguli tiyang anggènipun ngombe anggur sakalangkung kathah kados pun Tugarin wau, anggènipun ngombe botên namung sagêd nêlasakên pintên-pintên gêndul, malah ngantos pintên-pintên tong, ewadene maksa botên mêndêm. Ing kala punika Alyasa ngumbar swara malih, makatên mênggah têmbungipun:

Bapa kula, kados ingkang sampun kula aturakên wontên ing ngriki: dados pangagêngipun agami ing Rosto punika gadhah lêmbu kawan ingkang manawi kalêrês saba wontên ing pakawisan, lampahipun katingal rêkaos sangêt. Ing satunggiling dintên lêmbu wau dumadakan lumêbêt ing pawon, ing kala punika kalêrêsan ing ngriku wontên tiyang kalih ingkang sawêg adamêl bir. Salajêngipun lêmbu punika manggih gênthong ingkang kangge madhahi bir ingkang mêntas dados, tiyang inggih lêmbu, nama kewan limrah, inggih botên mangrêtos sumêrêp gênthong isi bir wau, biripun lajêng têrus kaombe kemawon ngantos têlas, wusananipun lêmbu inggih lajêng pêjah. Makatên ugi badhe kadadosanipun Tugarin punika.

Mirêng pangerang-erangipun Alyasa ingkang makatên punika, Tugarin katingal ajaja bang mawinga-winga. Sanalika punika piyambakipun anarik cundrikipun saha lajêng kasawatakên dhatêng Alyasa, nanging Alyasa tansah prayitna, saha sagêd endha. Cundrik enggal-enggal kacandhak dening mitranipun nama Yakim, ingkang ing kala punika lajêng wicantên dhatêng Alyasa makatên: he, mitraku sinarawèdi, Alyasa, mungguh karêpmu kapriye, apa kowe dhewe sing arêp nyawatake cundrik iki nyang Tugarin, apa cukup kok pasrahake nyang aku bae.

Alyasa amangsuli: aku ora nêdya arêp namakake cundrik iki nyang Tugarin, lan aku iya ora mrayogakake yèn kowe kang arêp tumandang gawe, amrih bêcike, pasrahna nyang aku bae. He, Tugarin, kowe kêna tak kalahake ing pêrang sapisan, lan saikine kowe dak tantang supaya sesuk esuk apêrang tandhing ijèn padha ijèn karo aku, sing sapa kalah kudu ninggal sirahe ana ing papan paprangan ing kono mau.

Mirêng panantangipun Alyasa wau, Tugarin gumujêng latah sajak ngerang-erang, saha kanthi pêndirangan mripatipun Tugarin anampi panantangipun wau. Sadaya para tamu sami ngadêg saking papan palênggahanipun, sarta lajêng sami gêgrombolan angrêmbag ing bab kaduk wani lan kirang dêduginipun Alyasa anggènipun kumawani nantang pêrang tandhing ijèn sami ijèn kalihan Tugarin. Sadaya sami yakin, bilih ing pêrang tandhing punika botên kenging botên pun Alyasa têmtu badhe manggih tiwas, sadaya sami notohi Tugarin. Para pangeran satunggal satunggalipun sami notohi nyatus rupiyah, para prajurit nyèkêt dene para dagang mônca ingkang ing kala punika ugi sami dados tamunipun Sang Prabu Wladhimir sami notohakên baitanipun ingkang kêbak barang dagangan ingkang sarwa èdi lan pèni, ngêmungakên pangajêngipun agami ing kitha Cèrmigop, ingkang purun ngêtohi pun Alyasa.

Tugarin ing wusana lajêng ngadêg saking papan palênggahanipun, nilar bangsal lan tanpa suka urmat dhatêng sintên kemawon, lan sarêng lampahipun dumugi ing undhak-undhakan kadhaton, lajêng kèndêl saha sêsuwit sora sangêt, ngantos anjalari wit-witan ingkang agêng-agêng ing sakiwa têngênipun kadhaton sami oyag sadaya. Ing kala punika saking ing awang-awang ujug-ujug wontên kapal tumiyup mangandhap sarta lajêng ngadêg jêjêg wontên ing sangajêngipun Tugarin. Tugarin enggal-enggal nyengklak kapalipun saha lajêng kabêkta munggul ngambah ing gêgana. Makatên ugi Alyasa tuwin para prajurit sanès-sanèsipun, botên watawis dangu lajêng sami nilar kadhaton, numpaki kapalipun, saha lajêng sami nuju dhatêng lèpèn Saphat. Wontên ing ngriku kapalipun sami kaumbar, ngêdêgakên pakuwonipun saha [sa...]

--- 1264 ---

[...ha] lajêng sami mapan tilêm sawatawis utawi ngaso. Sadaya para prajurit sami tilêm kanthi sakeca wontên ing pakuwonipun piyambak-piyambak, ngêmungakên Alyasa ingkang sadalu muput botên angliyêp sakêdhik-kêdhika, kajawi namung nênuwun dhatêng ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi enjingipun sagêda mênang juritipun apêrang tandhing kalihan Tugarin. Mênggah panuwunipun dhatêng ingkang Maha Kuwasa wau makatên:

Dhuh, Gusti, ingkang anguwaosi bumi lan langit, panuwun kula mugi-mugi langit punika ing dintên benjing enjing sagêda katutupan ing mêndhung ingkang rapêt sangêt, lan sagêda pinaringan jawah ingkang tanpa upami agêngipun, ingkang anjalari suwiwining kapalipun Tugarin têlês anggêbêbêr ngantos Tugarin lajêng kapêksa mandhap ing donya.

Enjingipun taksih umun-umun, Yakim sampun lumêbêt ing pakuwonipun Alyasa, prêlu anyariyosakên bilih Tugarin badhe kapêksa numpaki kapalipun wontên ing dharatan kemawon. Alyasa lajêng enggal-enggal mangangge panganggenipun cara prajurit, inggih punika mangangge kêre waja, nyangking gadanipun ingkang sakalangkung awrat, cundrikipun kasêngkêlit ing bangkekan, numpaki kapalipun nêdya amêthukakên mêngsahipun ingkang sakalangkung anggêgirisi punika. Saking katêbihan Tugarin sampun sumêrêp dhatêngipun Alyasa, sarta anggêrêng sora awicantên makatên:

He, wong kumaki, wong umuk, wong adol bagus Si Alyasa. Mara majua, kêpriye karêpmu anggone arêp mati. Apa anjaluk tak obong, apa anjaluk supaya diidak-idak dening jaranku, apa anjaluk supaya tak suduk towokku kang landhêp iki.

Sasampunipun sêsumbar makatên wau, Tugarin lajêng ngliga pêdhangipun, nêdya kangge nigas sirahipun Alyasa, nanging kala pêdhang katamakakên sarosanipun, Alyasa sagêd ngendhani, ing wusana pêdhangipun tumancêp ing siti.

Salajêngipun Alyasa nuntên awicantên makatên:

He, Tugarin, pêrangmu iku dudu caraning satriya. Kowe tak tantang dak ajak pêrang tandhing ijèn padha ijèn. Nanging apa kang katon ing mripatku kene, jêbul ing burimu kowe anggawa prajurit sagêlar sapapan mangkono, dadi mungguh sajatine kowe kuwi rumasa ringkih mungsuh pêrang ijèn padha ijèn karo aku, mulane kowe banjur ajak-ajak prajurit kang samono kèhe.

Mirêng cariyosipun Alyasa ingkang makatên punika Tugarin botên sagêd ngucap punapa-punapa, namung thingak-thinguk sajak gumun sangêt, ing wusana piyambakipun lajêng nolèh dhatêng wingking. Inggih makatên punika ingkang dados pikajêngipun Alyasa. Amila sarêng Tugarin wau nolèh ningali dhatêng wingking, sanalika punika Alyasa andhawahakên gada sarosanipun wontên ing sirahing mêngsah. Saking soraning dhawahipun gada wau, ngantos sirahipun pothol saha dhawah ing sisih têngênipun kapal, lan badanipun dhawah ing kiwanipun. Samangke Alyasa enggal-enggal mêncolot saking kapal, anarik cundrikipun saha katancêbakên ing sirahipun Tugarin ingkang gumlundhung ing siti wau. Minôngka kangge butamalipun, sirahipun Tugarin badhe kaangkat sarta badhe kagandhul-gandhulakên wontên ing lapaking kapalipun, nanging botên kiyat ngangkat sirah wau, klayan ngarih-arih Alyasa lajêng kawêdal têmbungipun makatên:

He, para mitra kula sadaya, mugi krêsaa paring pitulungan dhatêng kula, ngangkatakên sirahing mêngsah kula punika.

Para prajurit enggal-enggal murugi sarta salajêngipun sami sêsarêngan angangkat sirahipun Tugarin ingkang sakalangkung awrat punika. Sasampunipun anancang rambutipun Tugarin wontên ing sôngga wêdhi, Alyasa lajêng nyengklak kapalipun saha wangsul dhatêng Kiyèph, para prajurit sadaya sami tut wingking.

Kacariyos ing salêbêtipun kadhaton Sang Prabu Wladhimir tuwin pramèswari sami sakeca lêlênggahan sami angêntosi wangsulipun Tugarin kanthi ambêkta sirahipun Alyasa. Awit mênggah pamanggihipun sang nata tuwin sanès-sanèsipun botên kenging botên Alyasa tamtu badhe kawon juritipun. Sakêdhap-sakêdhap sang prabu tindak dhatêng jandhela amirsani dhatêng ing jawi, bokmanawi Tugarin numpak kapal ingkang sagêd mabur wau sampun katingal dhatêng. Ing batos sang prabu sajatosipun angraos ngungun ing panggalih. Dene samantên kaduk purunipun pun Alyasa, kumapurun amangsah pêrang tandhing kalihan Tugarin, satunggiling mêngsah ingkang sanès tandhingipun. Samangke tamtu badhe katigas jangganipun. Salêbêtipun sang prabu amanggalih ingkang makatên punika dumadakan mirêng swaranipun kapal bêbandhangan nuju ing ngriku. Sarêng sang nata mirsani saking jandhela dhatêng ing jawi, rêna saha gumuning panggalihipun tanpa upami. Awit ingkang katingal dhatêng wau jêbul Alyasa ambêkta sirahing mêngsahipun. Sang nata engal-enggal mêthukakên wontên ing bangsal ngajêng, paring wilujêng dhatêngipun Alyasa, saha sanalika lajêng dhawuh ngawontênakên kêmbul dhahar tumrap sadaya prajurit minôngka angurmati ungguling pun Alyasa wau. Ing ngriku Sang Prabu Wladhimir dhawuh makatên:

He, sira wis nuduhake kadibyanira kang tanpa upama, bakal andadèkake rênaning panggalih ingsun, yèn sira sabanjure gêlêm têrus ana ing Kiyèph kene, dadi panungguling prajurit ingsun ing praja Ruslan kene.

Wiwit punika Alyasa dados prajurit ing Ruslan. Badhe kasambêtan.

--- 153 ---

Nomêr 39, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Tatacara Naluri

Manawi dipun gagas, punapa katarik saking kalimrahan, punapa kabêkta saking watêk, punapa saking kadospundi, tiyang punika ingkang kathah karêmênanipun dhatêng sêsawangan lan dhatêng samukawis sanèsipun, sênêng sontan-santun, kados upaminipun tiyang gadhah pêpasrèning griya, punika sanadyan pêpasrèn wau sampun kapasang sae, pot-pot sampun katata tharik-tharik, kalamôngsa lajêng katata malih, dipun ewahi tatananipun, namung amrih santun sêsawangan. Makatên ugi tiyang ingkang gadhah mobil, sanadyan gadhahanipun piyambak punika sampun sae, nanging ugêr wontên mobil ingkang gagrag enggal, manahipun mêksa ebah, salajêngipun kapengin kêdah kalintokakên kalihan motor ingkang modhèl baru, makatên sapanunggilanipun. Nanging sadaya punika glèthèk pêthèlipun botên sanès, kajawi namung sênêng sontan-santun, ingkang makatên wau sampun botên kenging pinaibên malih.

Dumugi prakawis nêdha ing sabên dintênipun pisan, manawi lêlawuhanipun ajêgan namung warni satunggal, grêgêt sautipun inggih kirang rahab, jalaran ing manahipun gadhah raos kêmba. Mênggah kasêmbadana makatên, tiyang punika sanadyan sadrajat sapangkat, pikajêngipun kêdah nêdha sontan-santun, inggih punika tumrapipun ingkang drajat sarwa-sarwi cêkap, upami ing dintên punika lumados jangan sop kalihan dadar tigan mata sapi, enjingipun santun lumados sate gule. Tumrapipun ingkang pangkat sèkèng sarwa comprèng, botên ketang ing dintên punika lumados jangan bêning kalihan ulam ragi, benjing-enjing kêdah nêdha santun, lumados jangan bobor kalihan ulam têrik, makatên ing salajêngipun.

Mila ing jagading wanita ngriki, asring ngêwrat cathêtan dhêdhaharan warni-warni, punika pancèn prayogi, jalaran kajawi angladosi ingkang rêmên nêdha sontan-santun, kalihan malih tumrap ing satunggil-tunggiling kitha, punika sayêktosipun tamtu wontên cara damêl dhêdhaharan piyambak, ingkang botên pinanggih ing kitha sanèsipun, mila para sadhèrèk ingkang sami andhanganakên damêl cathêtan dhêdhaharan miturut [mi...]

--- 154 ---

[...turut] cara ing padununganipun piyambak-piyambak, punika kalêbêt nama sami samad-sinamadan ingatasipun bab olah-olah, tuwin linton sêsêrêpan kalihan sadhèrèk ing kitha sanès-sanèsipun, têmahan lajêng sami sagêd sadaya, liripun upami sadhèrèk kampung Bojong, sagêd olah gudhêg tèwèl cara kampung Danurêjan. Sadhèrèk kampung Gumbêng, sagêd olah cabuk rambak kupat cara kampung ing Tanjunganom, tuwin kosokwangsulipun. Ambak prakawis olah-olah manawi kirang sêsêrêpan, sok kèwêran lan kèwêdan, trêkadhang saking judhêgipun, ulam lêmbu satunggal, pangolahipun namung dipun gorèng blaka kalihan kabècèk. Kosokwangsulipun ingkang mangrêtos dhatêng sakridhaning olah-olah, ulam sakêdhik kemawon, sagêd ngolah pintên-pintên warni.

Lêlawuhan ingkang ngecakakên dhatêng dhahar, punika kajawi lawuh luwe, lan lêlawuhan ingkang nuju karsa, ugi lawuh ingkang sagêd salaras kalihan wancinipun. Sanadyan dhaharan ingkang nocogi wau wujudipun sapele, sagêd marêmakên saèstu, trêkadhang katarik saking marêmipun, ngantos dumugining dêlahan, kapurih milujêngi mawi dhêdhaharan ingkang nuju karsa wau. Mila wontên cariyos, wontên satunggiling tiyang sêpuh, mêling dhatêng anakipun ingkang sawêg ngupados ngèlmu (ngudi kasagêdan) wêlingipun: Le, kowe mangana sing enak, lan turua sing kapenak, supaya bèn gangsar lan enggal pintêr. Wêlingipun tiyang sêpuh punika, pikajêngipun makatên: aja mangan, yèn durung krasa luwe, lan aja turu yèn durung krasa ngantuk, nêmêna nyinau wulangan. Badhe kasambêtan.

Ni Panggung.

Jampi Jawi

Jampi wudun

Ingkang dipun wastani wudun punika saèmpêr malênthing, ananging ingkang kathah mawi ngêmu nanah.

Wudun punika yèn dèrèng mêcah raosipun pating carêthot, langkung prayogi manawi taksih alit dipun popok mawi sabun sarta gêndhis Jawi sakêdhik ingkang sampun kalampahan lajêng sagêd saras.

Jampi gudhig

Gudhig sasampunipun dipun rêsiki, lajêng dipun curi toya jêram pêcêl wongsal-wangsul. SasampunipujêngSasampunipun lajêng. dipun bilasi toya tawas, makatên wau katindakna sabên sontên.

Jampi kangge tiyang mêntas sakit

Para sadhèrèk tamtu sampun anguningani bilih tiyang ingkang mêntas sakit punika badanipun dèrèng kiyat kados nalika dèrèng sakit. Ingkang makatên wau amargi nalika sakit prasasat kêkiyatanipun suda sapalih kapara langkung, inggih punika manawi sakitipun sangêt. Dene jampi ingkang sagêd mangsulakên kêkiyatan wau inggih punika: jêne tigan satunggal lan gêndhis kabêbêk sasendhok dhahar sarta toya jêram pêcêl sasendhok dhahar, makatên wau sadintên sapisan.

Joharin. Ngayogyakarta.

--- 155 ---

Kridhaning para Wanita ing Tanah Ngriki

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 78

Pakêmpalaning para wanita ing Bandhung, nama Wanita Sajati, punika inggih kenging kawastanan satunggiling pakêmpalan ingkang sampun kiyat, dhasar kitha Bandhung punika kondhang dados panggenaning para bêsus, mila botên maibên manawi Wanita Sajati ugi ambêtahakên adêging kursus kangge damêl sêkar-sêkaran corsage (sêkar-sêkaran sutra kangge agêm-agêman).

Kabêtahaning akathah inggih dipun kukup, tandhanipun, Wanita Sajati sampun sagêd ngawontênakên huishoudschool, inggih punika pawiyatan kangge nyêpêng bale griya. Malah kapetang sêkolahan ingkang agêng. Kajawi punika Wanita Sajati ugi anggadhahi pawiyatan sanès malih.

Ing Mèstêrkornèlis sampun dangu wontênipun pakêmpalan ingkang winastan: Kamajuan Istri. Ingkang ngêmudhèni panjênênganipun R.A.A Abdurahman. Kamajuan Istri wau sampun dangu anggadhahi klinik kangge ngopèni bayi. R.A.A Abdurahman punika satunggiling priyantun putri ingkang sampun dangu dados pangajênging para wanita. Ing sapunika panjênênganipun inggih ngasta padamêlan pangarsa Kartinischoolvereeniging (pakempalan kangge ngêdêgakên pawiyatan kartini). Pakêmpalan Kartini School ing Bêtawi punika kalêbêt agêng, gadhah pawiyatan kartini ingkang sami kalihan H.I.S, gadhah pawiyatan ôngka II, kangge lare èstri, malah ing sapunika gadhah Huishoudschool ingkang dipun wastani: mevrouw de jonge school.

Ing Surabaya sampun cocog kalihan kawontênaning kitha, inggih punika kithaning para sudagar agêng, bilih ing ngrika wontên pakêmpalaning para wanita ingkang tandangipun trêngginas lan dhadhag, kados Dèwi Wara Srikandhi.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam

Ingkang kula aturakên punika pakêmpalan putri Budi Sêjati. Sadaya tandang-tandukipun amrantasi, botên anguciwani tur santosa ing budi. Para warga lan para pangrèhipun sami nandangi padamêlanipun ingkang pantês kaêcakakên, kados ta: nyêpêng pondhokaning lare sêkolah, ngêdêgakên frobelschool, ngawontênakên papan padamêlan kangge tiyang èstri ingkang bêbêrah, ngêdêgakên kursus tiyang wuta ing sastra, inggih punika kangge sinau maos lan nyêrat.

Makatên mênggah kawontênanipun pakêmpalaning para wanita ingkang nama sampun kacêluk, nanging punika dèrèng pêpak, namung kapêndhêt ingkêng êlas-êlas kemawon.

Siti Mariyam.

--- [156] ---

Bab Nyêrat Ambathik

Udan-riris

Udan-riris punika namaning sinjang garis miring, limrahipun wontên ing pakêcapan nama: dan-riris, utawi udan-liris. Ing ngriki kados prêlu kapratelakakên, mênggah namaning sinjang punika pancèn inggih gandhèng kalihan panggambar ingkang gathuk kalihan raosing manah. Sarèhning punika namung pinanggih wontên ing raos, dados dèrèng tamtu wujudipun angêplêki kados ingkang dipun gambar, namung raosipun ingkang wontên.

[Grafik]

Cêthanipun, tumraping sinjang, punika upami anggambarakên mênjangan, wujudipun pating plunthêr, tanpa wontên èmpêripun babarpisan, nanging saupami dipun wujudi gambar kados mênjangan saèsgu,saèstu. tumraping sawangan lajêng: sêg, pêjah babarpisan.

Mirid andharan punika wau, namaning sinjang udan-riris, sagêd ugi gadhah kajêng makatên, dene têgêsipun: jawah ingkang damêl sêngsêm.

Sinjang udan-riris punika panyêratipun mawi garisan (dipun garisi), wiyar ciyuting garisan botên sami, nanging dipun pathok, sabên samantên garis ingkang sami, lajêng dipun lêti ingkang langkung wiyar, ingkang wiyar wau minôngka watês, kenging dipun wastani wiwitanipun, upaminipun ingkang agêng wau kasêrat parang-rusak, mangke sambêtanipun sêratan warni-warni, pungkasanipun parang-rusak malih, makatên salajêngipun. Nanging ugi wontên ingkang baku wiyar wau dipun sêrat sanès, mangke sambêtanipun inggih sanès, dados langkung kathah. Malah saking gotèkipun tiyang ahli nyêrat, tumrap ingkang sagêd, sêratan udan-riris sasinjang punika botên wontên ingkang sami. Botênipun makatên, inggih kêdah kathah warninipun. Namung tumrap sinjang udan-riris cap, punika warninipun tamtu botên sapintêna, awit prêlu kangge nyêkapakên agênging cap namung dipun pêndhêt saprêlunipun kemawon.

Sinjang udan-riris punika bakunipun latar cêmêng, dene manawi kadamêl latar pêthak, namanipun rujak-senthe.

Sinjang punika kalêbêt sinjang ingkang dados awisan, namung dados agêming para bandara. Dipun agêm ing kakung utawi putri, sarwa pantês.

Lênggahipun sinjang udan-riris punika sogan tuwin cêlêpanipun (wêdêlan) ingkang sarwa sêpuh, ing ngriku katingal mandhêsipun.

Biyang Sri

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 81, Stu Pa: 4 Ruwah, Ehe 1868, 9 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta - Candhi Barabudhur - Lindhu Agêng - Wawasan Cêkak Bab Pamiyaran Menda Etawah ing Tanah Jawi - Pakulinan - Kawontênan ing Tiongkok - Piwulangipun Rêsi Durna dhatêng Para Siswanipun ing Bab Ulah Anjêmparing - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Pangothak-athik

Têmbung pangothak-athik punika tumraping pangudi babagan kabatosan, kenging dipun wastani dados pirantos, nanging malah ugi sagêd ambibrahakên.

I. Pangothak-athik ingkang nama dados pirantos, punika ingkang suraosipun sagêd anggêpok dhatêng kajênging ngèlmi, upaminipun, ungêl-ungêlan: mangana kang enak, turua kang kapenak. Punika tumrap wadhaganing ungêl, nama nyulayani kalihan kajênging ngèlmi, amargi mênggahing ngèlmi, botên wontên caranipun tiyang kapurih muktèn-muktenan, ingkang lèrèg dhatêng kamurkan.

Nanging bab wau manawi dipun othak-athik, lajêng nuwuhakên pamanggih bilih ungêl-ungêlan wau dados pasêmon, kajêngipun, munpangatipun tiyang nêdha punika manawi luwe, punika tamtu eca panêdhanipun. Nikmatipun tiyang tilêm punika manawi arip, punika tamtu sakeca tilêmipun. Dene wos-wosipun, sadaya wau sagêda sèlèh dhatêng katêntrêman, nêdha tuwin tilêm wau sampun ngantos dados godha. Inggih pangothak-athik makatên wau ingkang lèrèg dados pirantos.

II. Pangothak-athik ingkang ambibrahakên, punika ingkang tuwuh saking jarwa suta utawi jarwa dhosok, inggih punika mangan tuwin turu wau dipun têgêsi: mangan, punika akajêng: narima tuwin dhangan. Tiyang punika manawi sampun narima tuwin dhangan wau, badhe punapa malih, sariranipun sampun kêbak kajêmbaran, mila kramanipun: narima punika narimah, awit ing ngriku lajêng minggah, soka tiyang sampun narima tuwin dhangan, punika nama sampun: pana, pun: dhiri (badan) sampun: omah. Inggih omah kasampurnaning batosipun. Mila mangan punika tansah gêgandhengan kalihan: turu, awit ing ngriku gadhah kajêng: wêtuning guru. Dados wêtahing kajêng, tiyang gadhah watak narima lan dhangan, tamtu kemawon: pana dhatêng dhirinipun, awit sampun omah, wêkasan ing ngriku andadosakên wêtuning guru, inggih punika guru sajati.

Manawi dipun raosakên, oncèk-oncèkan kalih bab wau sami brêgasipun, sajak-sajakipun mathuk sadaya.

Namung tumrap raosing pangungsêt ingkang alêlambaran: ngèlmi pangeranan punika nyarambahi ing jagad, ingkang sumrambah punika raosipun, inggih punika bab I, manawi bab II sanadyan kêplasipun muluk, botên sagêd dipun suraonsuraos. ing sanèsipun bôngsa Jawi. Lajêng nama rupak.

Punika namung sumôngga.

Cêkruktruna.

--- 1266 ---

Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Ngayogyakarta

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, ing tanggal 24 Sèptèmbêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bidhal saking Surakarta dhatêng Ngayogyakarta.

Kados ingkang sampun tumindak kadokados. adat, samôngsa wontên rawuhan gupêrnur jendral, ing pundi nagari ingkang dipun rawuhi mawi kawontênakên pahargyan agêng-agêngan, manawi tumrapipun praja karajan Jawi, rawuhan gupêrnur jendral punika mawi tatanan ingkang dipun têtêpakên, limrahipun dipun wastani lampah jendralan. Malah ing dintên rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wau katêtêpakên dados dintên agêng, mila kantor-kantor sapanunggilanipun sami tutup.

Rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Ngayogya, lampahing pahargyan sampun sairib kemawon kalihan Surakarta, namung tumrap rêrêngganing pahargyan, ing Ngayogyakarta wontên ada-adanipun pakêmpalan Djokja Vooruit, ingkang ing kala punika ngawontênakên sayêmbaran rêrênggan minôngka pahargyan rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wau.

Sayêmbaran wau dipun wigatosakên dening para bôngsa Eropah ing Ngayogya, mila kathah ingkang sami ngawontênakên rêrênggan ing papan-papan ingkang adhakan. Tumrap rêrênggan wau ingkang kapetang sae piyambak, pinanggih wontên ing bètèng Ngayogyakarta, ing ngriku katingal wujuding rêrênggan ingkang botên nilar dhatêng pasêmonipun ingkang ngadani damêl rêrênggan. Mila ing kala têdhak dalêm Kangjêng Tuwan ingkang Wicaksana punika, tumrap Ngayogyakarta kathah pêpaèsipun, ingkang nyêbal saking padatan.

Tanggal 24 wanci sontên, ing gupêrnuran kawontênakên pêpanggihan, wanci jam 5.45 Kangjêng Gusti Pangeran Aipati Arya Prabu Suryadilaga dhatêng gupêrnuran, sarêng jam 6 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ugi rawuh ing gupêrnuran, kinurmatan ungêling mriyêm 13 rambahan saking bètèng. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan sasampunipun tatabikan kalihan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, lajêng satata lênggah.

Jam 9.30 kawontênakên lêlênggahan resèpsi, para tamu sami têtêpangan. Salajêngipun kawontênakên among suka wontên ing kamar bolah.

Enjingipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mriksani kawontênan ing salêbêtipun kitha Ngayogyakarta. Sarêng ragi siang amalêsi mara tamu dhatêng kadhaton, salajêngipun dhatêng Pakualaman.

Ing wanci sontên têdhak pêpara malih wontên salêbêtipun kitha Ngayogyakarta, rawuh ing Petronella Hospitaal tuwin Pakêmpalan Muhamaddiyah.

Dalunipun rawuh ing kadhaton malih, mawi kawontênakên lêlangên ringgit tiyang. Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dipun aturi mriksani barang-barang ing salêbêting kadhaton.

Ing dintên Ngahad ngasokakên sarira. Ing dintênipun Sênèn tanggal 27 Sèptèmbêr, jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bidhal saking Ngayogyakarta dhatêng Magêlang.

--- 1267 ---

[Grafik]

Kareta kancana titihan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, nalika mapag Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tumuju dhatêng gupêrnuran.

[Grafik]

Rêrênggan ing bètèng, ingkang kawontênakên dening ada-adanipun pakêmpalan ''Djokja Vooruit''.

[Grafik]

Gambar ing nginggil: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lênggah sajajar kalihan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan wontên ing gupêrnuran.

Gambar ngandhap: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Tuwin Tuwan Gupêrnur Bijleveld rawuh ing Pakualaman.

--- 1268 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79

Sujana : Inggih-inggih, kula samangke sampun ragi trontong-trontong, dhasar gawat kaliwat-liwat ulah raos punika, sawêg anggagas ingkang dipun wastani: manah padhang, manah pêtêng: punika ingkang kados punapa upami wujuda, makatên kemawon inggih sampun ribêd botên sagêd, amargi namung ukara côndra, punapa malih anglairakên saraosing manah, inggih sampun angèl anggèn kula badhe ambabar ing têtêmbungan, trêkadhang taksih klèntu, bêgja-bêgjanipun namung mèmpêr, nanging inggih mêksa namung kangge ancêr-ancêring pangrêtos kemawon, botên sagêd plêk kados samêsthining kawontênanipun raos wau piyambak.

Sarjana : Mila pangandikanipun para sêpuh, saking gawat rungsiting rêmbag babagan kasuksman, asring kawiyos têmbungipun: ya ngono ning ora ngono, punika lêrês, amargi saking cupêt saha kacingkranganing têtêmbungan ing donya, ingkang kenging kangge nglairakên sawêtahing kawontênanipun kalayan jangkêp tuwin sampurna, punapadene saking botên wontênipun pêpindhan ing donya, ingkang kenging dipun angge nyamèni kasunyatan adiluhung. Mila inggih botên prêlu padudon prakawis punika, amargi satunggal-tunggaling tiyang beda-beda pangganthaning angên-angênipun, aluwung dipun raosakên piyambak ingkang lêbêt, kalayan ênêng-êning, bokmanawi sagêd anjalari katarbukaning awas eling, wêkasan sagêd wêruh rosing rasa kang rinuruh.

Sujana : Yèn sagêd makatên pancèn inggih ebat ki raka, namung angèlipun anggèning nglampahi, punika ingkang mêgah-mêgahakên, kanggenipun tiyang kados kula, bêbasanipun pintêr muni, nanging ora bisa anglakoni, mila inggih kojur kula punika, dene namung kandhêg wontên ing pangawruh kemawon.

Sarjana : Ambak-ambing sami kalihan kula dhi bêbasanipun inggih namung kados angganing plat gramapun kemawon, têgêsipun namung nyilih gunêming tôngga, kula piyambak botên pêcus. Ewadene waton botên ngandhar-andhar angêndhukur, kandhane nora kaprah,... inggih sampun kula alêm piyambak sae, jalaran darajatipun tiyang punika piyambak-piyambak, undha-usuk botên sami, nanging sadaya wau inggih wontên pigunanipun sadaya, tuwin gadhah têgês piyambak-piyambak, mila botên prêlu kagalih awrat, bobot timbang wontên sarira pribadi.

Sujana : Kasinggihan kiraka, tuwin kula inggih nyuwun pangapuntên, bokmanawi wontên kabrojol saha kaladuk ing ginêm, ingkang kagalih gutuk êlor kêna kidul, kula botên pisan-pisan gadhah sêdya makatên, kajawi namung barès prasaja ngaturakên kawontênaning badan kula piyambak.

--- 1269 ---

Samangke kaparênga kula nglajêngakên nyuwun pitakèn, kados pundi pikajêngipun, dene wontên nami punapa sêsêbutan sang Budda Gotama punika.

[Iklan]

Sarjana : Makatên adhi, saking katranganipun ngulama Budda, Sang Minulya Subadra Biksu, manawi botên kalèntu anggèn kula nyuraos, anêrangakên bilih sadaya titah gêsang, ingkang sampun sagêd dumugi ing tataraning kawruh adiluhung, tuwin kasampurnaning kasusilanipun batos ingkang luhur piyambak, punika inggih sagêd dumugi saha ngrasuk pêpadhang langgêng wau, mila lajêng sinêbut: Budda: amargi sampun pinadhangan (kapurnaman) jagadipun, dados lajêng sagêd amadhangi pêpêtênging bawana, mila Budda inggih ugi atêgês: kang amadhangi, kang angasta (ngrasuk) pêpadhang. Dene anggènipun sagêd angrasuk punapa asarira pêpadhang wau, amargi aling-aling kabodhoanipun, ingkang nyinggêt panunggalipun sadaya gêsang, sampun sagêd sumilak dening kawicaksananipun, kadosdene sumoroting padhangipun surya, ingkang anyilakakên pêpêtêng ingkang angêmuli bawana. Awit saking punika Budda ugi anggadhahi têgês: ingkang botên sare, punapa ingkang winastan botên sare wau, inggih punika wunguning gêsang sajati ing têlênging batosipun.

Kados bab punika cêkap samantên kemawon, awit mênggahing andharan bab Sang Budda, sampun kawêdalakên ing Bale Pustaka.

Tr. S.

--- 1270 ---

Lindhu Agêng

Kados ingkang sampun kacariyos ing Kajawèn, lindhu ingkang mêntas kalampahan punika ingkang kêtênggêl ing Jawi Têngah, dene waradinipun ngantos satanah Jawi sadaya. Malah miturut wartos saking nagari Walandi, miturut tôndha ingkang kacathêt dening Mateorologisch Observatorium ing De Belt, sagêd ugi lindhu punika maradini saindênging bawana.

[Grafik]

Miturut pawartos ingkang kantun, ing dintênipun Salasa tanggal 28 Sèptèmbêr, sadintên muput ing Ngayogya tuwin Surakarta karaos wontên lindhu lirih. Tumrap kaondêran sajawining kitha wontên griya 326 sami ambruk. Ing Wêdhi kajawi 100 ingkang ambruk, wontên malih ingkang risak 191. Ing Klathèn wontên griya malih 60 ingkang ambruk. Pagêr tembok bètèng ing Klathèn karisakan agêng, têtiyang èstri tahanan ingkang manggèn ing ngriku sami dipun pindhah dhatêng gêdhong landrat. Pasabinan-pasabinan ing sacêlakipun Prambanan, kathah pasitènipun ingkang mlêkah, lajêng nyêmburakên pasir ingkang inggiling muncratipun ngantos samètêr. Ing dhusun Grapak, bawah Klathèn, wontên siti bêngkah nyêmburakên pasir ingkang sairib kados awunipun kawah rêdi Mrapi.

Pabrik gêndhis wontên ing Gondhang Winangun, ingkang nuju giling, pipanipun tugêl, nanging botên adamêl kandhêg anggènipun giling. Mriksanana gambar.

Mirid kawontênan-kawontênan ingkang pinanggih wau, nyata bilih lindhu punika agêng yêktos. Ingkang langkung cêtha bilih lindhu wau agêng, sagêd nitik dhatêng wontêning kaisakan, kathah griya-griya ingkang sarwa santosa sami rêmuk katrajang, saya malih manawi ngèngêti risaking yêyasan ing pabrik ingkang samantên santosanipun.

--- 1271 ---

Bab Rajakaya

Wawasan cêkak bab pamiyaran menda Etawah ing tanah Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79

Upaminipun bab punika: 1e menda punika umur 9 wulan sampun mangsanipun kapacêk. 2e menda punika danguning wawrat 5 wulan. 3e menda punika yèn cêmpenipun umur 2 a 3 wulan badhe lajêng brai malih, makatên wau yèn kacathêt lajêng sagêd têrang punapa kawontênanipun. Cêkak kêlungsèn macêkakên adhapur kapitunan, awit birainipun malih têngga 22 dintên êngkas. 4e mendanipun mêtêng (mêtêng ênèm) botên kapirsan, upaminipun lajêng kasade dhatêng jagal, wah, eman, sabab upami badhe manak 2, sampun cêtha kecalan (kapitunan) menda 2. Tuwin kathah-kathah malih yèn dipun udhala. Saha sagêd ayêktosi:angyêktosi. upaminipun jalêran utawi bibitan pundi, ingkang sae-sae utawi awon-awon turunanipun, kirang wrêdèn lan sapanunggilanipun.

Lajêng samangke prayoginipun menda-menda wau kêdah dipun paringi nomêr, ing sungu, ing kuping mawi bolongan, tuwin sanès-sanèsipun, pundi ingkang dipun sênêngi, lajêng katindakakên.

Lajêng ngêrmbag prakawis pirantos pamiyaran, punika sagêd nyuwun dhatêng parentah lumantar prayantun ingkang tinanggênah nindakakên prakawis rajakaya. Cêkak nyuwun linantarakên dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Veeartsenijkundige Dienst.

Dene pamiyaran menda punika, tumrap ing tanah Jawi ngriki sagêd kula aturakên wontên warni 3.

1. Eigen fokkerij têgêsipun madêg piyambak. Inggih punika ngingah menda jalêran tuwin bibitan kamanah piyambak, punika inggih sampun umum ing panggenan-panggenan ingkang sami cara ngingah menda. Ananging mênggah ingkang nama maligi kangge pangupajiwa, ing ngriki dèrèng (botên) wontên. Ambokbilih sêlot-sêlotipun sagêd kêlampahan ambranahakên ingkang yêktosan. Sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

2. Vereenigingfokkerij. Blêntèng-blêntèng, plêncat-plêncat, ada-ada punika inggih sampun wontên sawatawis. Liripun dhusun-dhusun ingkang ragi kathah ingkang ngingah menda lajêng damêl pirukunan tumbas mênda pamacêk.

3. Regentschapsfokkerij. Punika inggih 1-2 panggenan sampun wontên. Bab punika wajibipun Regentschap numbas (andhatêngakên) pamacêk. Regentschap nuding dhusun-dhusun ingkang pantês dipun sukani pitulung pamacêk.

Mênggah bab: 2 sarta 3 tumrap pamiyaranipun pamacêk utawi bibitan kaborongakên dhatêng salah satunggaling tiyang ingkang sakintên sagêd sae pangrimatipun. Prakawis bêrahan ingkang sampun tumindak warni-warni, kantun milih saprayoginipun ingkang gampil. Wontên dipun bêrahi mawi pantun, wontên prajangji samantên taun kalulusakên ngrimat, malah ugi wontên cara palihan.

Sumadi (Pangarasan)

--- 1272 ---

Raos Jawi

Pakulinan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78.

[Dhandhanggula]

yèn wong sênêng anggêgulang ngèlmi / sakabèhe pratingkahing janma / lan isine jagad kabèh / kacathêt anèng kalbu / dadi srana pangulir budi / bênêre pamikirnya / cikbèn tan tumpang suh / dènnya ngarah kawaspadan / amêmijang êndi ala êndi bêcik / kang yogya linakonan //

yèn wong sênêng sinaua nganggit / lamun nuju sêla ing pakaryan / nganggit-anggit sabisane / tinimbang lênguk-lênguk / nganggit buku kang maedahi / kalamun kabênêran / didol iya payu / kêna kanggo jajan bocah / yèn tan payu boya dadi kêdhah-kêdhih / jêr isih anggêgulang //

yèn kulina anggane pinardi / cikbèn rosa kuwat angkat-angkat / kapenak yèn tandang gawe / sabarang datan kidung / srigak gagah lamun kaèksi / jêr bagas kuwarasan / beda lan kang lumuh / mardi mring kuwating angga / ing sabarang tandange tan miyatani / dèn wanuh ing lêlara //

awak ringkih cahyane ngalêntrih / tinon kadya datan darbe daya / kudu-kudu turu bae / yèn lungguh pijêr ngantuk / ewadene kalamun guling / angrasa tan kapenak / tansah angalindur / barêng tangi kulakêpan / ras-arasên ana turon kêthap-kêthip / bawane wis kulina //

kônca tani lan kônca undhagi / dènnya padha anggarap pakaryan / awit saka kulinane / abota iya saguh / tur kapenak dènnya nandangi / awake bagas waras / buruh angkat junjung / kadya datan darbe sayah / nambutkarya abot ing saari-ari / sababe wis kulina //

malah mandar yèn tan nambutkardi / nganggur kongsi sawatara dina / tan kapenak anggotane / wong gunung bêtah mluku /mlaku. ngambah dalan kang rumpil-rumpil / tur kanthi anggêgawa / nyunggi mondhong mikul / ewadene iya kuwat / tan rêkasa praptèng wisma nambutkardi / jêr saka wis kulina //

wong malarat yèn turu ing wêngi / anèng ngambèn tarkadhang jarambah / linèmèkan blêkêtepe / malah sok tanpa kêmul / ewadene tan masuk angin / mêmangan tanpa wayah / isih wayah esuk / mangan dhawêt lawan rujak / lêbar mangan isih doyan mangan pêncit / karana wis kulina //

amêmangan sacandhake dadi / tur carobo datan angon wayah / datan dadi lêlarane / karana uwis matuh / wadhuk tahan nampani bukti / balik wong kang kulina / mangan sarwa patut / ngetung wayah yèn mêmangan / wayah esuk mangan dhawêt rujak pêtis / kêdadak dadi lara //

yèn kulina turune miranti / môngka banjur turu anèng jrambah / sakala masuk angine / wêtênge amalêmbung / sirah ngêlu karasa atis / kalamun tan kêrokan / tartamtu yèn bingung / datan tahan nandhang lara / yèn lêlungan nênunggang kasilir angin / ngêlune banjur prapta //

bocah cilik sutane priyayi / wiwit abang dènnya ngupakara / rêsik brukut panganggone / ingatur lamun adus / lamun turu ingatur bêcik / lan manèh yèn mêmangan / datan kêna rusuh / mula lamun [lamu...]

--- 1273 ---

[...n] kêpanasan / kêgrimisan lan kanginan gampang gêring / sababe wis kulina //

wiwit cilik pinarsudi mukti / mula lamun kataman sabarang / kang tan mathuk lan adate / si lara banjur nrambul / beda lawan sutaning alit / kang padha wis kulina / wuda wayah esuk / adus wayah bêdhug awan / yèn dolanan sakarêpe bae dadi / bawane wis kulina //

bisa tahan panas udan angin / lamun turu satibane bisa / ana sawah lèmèk damèn / ngoroke sênggar-sênggur / wong tuwane angêni pari / yèn mangan anggêr ana / gêthuk iya mathuk / dadi cêtha wela-wela / samubarang gumantung kang anglakoni / wêwaton pakulinan //

yèn mangkono sapa nêdya sugih / waton gêlêm gêmèni kaskaya / anyèlèngi sabisane / mangudi murih wuwuh / yèn kulina nyèlèngi dhuwit / sayêkti kalêksanan / apa kang ginayuh / sapa nêdya mrih utama / lamun têmên pangancase mêsthi dadi / watone pakulinan //

tumindake saka ing sathithik / lawas-lawas wis tartamtu tuman / manjing dadi ing sênênge / wong ngarah ilmu luhur / yèn linakyan saka sathithik / manawa wis kulina / lawas-lawas matuh / manjing dadi kasênêngan / wêruh-wêruh kabisane wis mumpuni / tan samar kang sinamar //

ing sarèhne sagunging dumadi / apa manèh kang asipat janma / pangancase padha bae / sumêdya mrih rahayu / lamun têmên dènnya marsudi / ngilangi cacadira / tindak kang tan jujur / ugêr tlatèn ing pratingkah / dènnya padha nyirnakake tindak silib / mawawamanawa. wis kulina //

wis tartamtu saka ing sathithik / kadidene mulabukanira / lawas-lawas pangancase / dènira mrih rahayu / kasêmbadan tanna ngalingi / sri rama angandika / mring sang bayu sunu / kalamun tuhu santosa / gampang angèl wis ngalumpuk dadi siji / ing purwa ora ana //

Ki: Darmaprawira

Kêpanjèn-Malang

[Iklan]

Pêpèngêt

Ngaturi uninga dhatêng para ingkang ngintunakên arta dhatêng Bale Pustaka. Wiwit sapunika, manawi ngintunakên arta lumantar pos wisêl f 1.- ngantos dumugining f 5.- waragadipun namung 5 sèn, f 6.- ngantos dumugi f 25.- waragadipun 10 sèn. Awit taksih kathah ingkang ngintunakên arta ingkang waragadipun kados kala rumiyin.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 98 ing Surakarta. Ing Batawi botên wontên ingkang nama Batawi Oost. Kampung Ketogong botên wontên, nanging wontên kampung ingkang nama Toagong tuwin Ketapang. Dunungipun ragi cêlak kalihan Factorij enggal.

--- 1274 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Ing sapunika sampun kanyatan, sarêng pêrangipun Tiongkok kalihan Jêpan saya rame, tumrap nagari-nagari sanès kêpêksa tumut migatosakên, dene anggènipun migatosakên wau botên sanès saking anggènipun badhe anjagi kawilujênganipun ing têmbe wingking. Ing sarèhning tumrap wawasaning nagari sanès wau ingkang dipun samarakên Jêpan, mila kasujanan wau inggih tumuju dhatêng Jêpan.

Rêrigên tuwin rêmbag ingkang sampun kêwêdal, rekadaya ingkang damêl rêkaosipun Jêpan, punika botên wontên sanès kajawi nyatru tuwin ngêmohi barang-barang dagangan.

Tumraping nagari sanès, babagan nyatru punika ingkang katingal sêrêng tindakipun, Inggris tuwin Amerikah, ing sêmu kados sampu botên sagêd nyabarakên malih. Nanging sadaya wau sarèhning sawêg dhapur pangancam, tumrapipun Jêpan anganggêp dèrèng andayani punapa-punapa, mila tumindaking paprangan botên angêndhoni. Dados tumraping Jêpan, anggènipun sagêd ngraosakên, inggih manawi sampun wontên tôndha yêktinipun.

Nanging sajatosipun anggèning sami badhe nyatru wau grag-grêg, saking anyarêng kawontênan, awit Inggris piyambak ugi sawêg ngraosakên ruwêt rêntêng anggèning mawas dhatêng ebah osiking Jêrman kalihan Itali, dene ing sapunika gandhèng asta, tamtu wontên kajêngipun ingkang langkung wigatos. Makatên ugi ing wêkdal punika Inggris inggih sawêg ngraosakên ura-ura ing Palèstinah. Môngka ura-ura wau manawi ngantos mrèmèn dhatêng sanès panggenan, tumrapipun Inggris dadosa sanggèn ingkang langkung awrat.

Kajawi punika tumraping para among dagang Inggris, sayêktosipun ngraos awrat saupami ngantos pêdhot gêgayutanipun lampah dagang kalihan tanah Asiyah, inggih punika Tiongkok kalihan Jêpan, awit saupami ngantos pêdhot, badhe sapintên gênging kapitunanipun. Saya manawi ngèngêti môngsa paprangan punika, ajênging padagangan Inggris anglangkungi, kados ta ing bab padagangan lisah, arêng sela sapanunggilanipun, punika saksat maligi kasade dhatêng ingkang sami paprangan.

Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng namung katingal sarwa èwêd tuwin pakèwêd, awit sawarnining tindak ingkang sakintên badhe sagêd mêpêrakên paprangan, tansah kaalang-alangan ing sabab. Makatên ugi tumrap sanès-sanèsipun nagari, anggènipun badhe ngêmori damêl, inggih taksih sôngga-runggi, dening sêsulaking jagad namung pinanggih sarwa pêtêng.

Ingkang pinanggih ing golongan Tiongkok sisih kidul, sampun botên kirang anggènipun ngrekadaya murih kandhêging mêngsah, botên ngajêngakên wadya ngantos dumugi papan ingkang cakêt kalihan mêngsah, ananging ugi botên badhe mundur, dados kajêngipun badhe ngantêpi manggèn ing papan ingkang santosa pabarisanipun. Awit saupami nyata sagêd tumindak makatên, botên badhe gampil dipun têmpuh ing mêngsah. Gêlar wau dipun upamèkakên gêlar pagêpagêr. êri. Dene ing sisih lèr ngangge gêlar toya, dipun têmpuh ngêndhêlong, nanging sagêd nungkêp malih.

--- [1275] ---

[Grafik]

Gambar-gambar kawontênan ing Tiongkok ingkang dados tandhaning paprangan.

[Grafik]

Gambar nginggil: satunggiling sêtatsiun ing Syang Hai, rêmêk dening kadhawahan bom.

[Grafik]

Gambar têngah sisih têngên: satunggiling margi ing Sapèi dhatêng Syang Hai sasampunipun dipun dhawahi bom. Gambar sisih kiwa: tiyang atusan ingkang badhe ngili, ngêntosi dhatênging kapal Cisaruwa ing Syang Hai.

[Grafik]

Ngandhap piyambak: saradhadhu Tiongkok wontên ing papan pandhêlikan.

Ing ngriku katingal gambaraning rêkaosipun tiyang wontên paprangan, katingalipun namung kêdah sarwa prayitna tuwin ngatos-atos.

--- 1276 ---

Piwulangipun Rêsi Durna Dhatêng Para Siswanipun Ing Bab Ulah Anjêmparing

Kasêbut ing sêrat Mahabarata, nalika Sang Rêsi Durna mulang anjêmparing dhatêng para siswanipun, inggih punika para Kurawa tuwin kadang Pandhawa, angandika dhumatêng Sang Duryudana makatên: Suwawi anggèr kula aturi miwiti anjêmparing, awit panjênêngan ingkang kaprênah sêpuh wajib angrumiyini, dene jêmparing kaêlèsna dhatêng pêpêthan pêksi garudha ingkang sampun kula panjêr sapucaking mandera punika, kasipata sirahipun, nanging panyuwun kula: Jêmparing sampun kasêsa lajêng dipun lêpasakên sadèrèngipun kula aturi anglêpas, poma dipun pratitis.

Ing ngriku Sang Duryudana lajêng anglêkasi amênthang gandhewa, jêmparing kasipatakên dhatêng pêpêthan kanthi pangatos-atos, ngangkah sagêdipun kenging. Sadèrèngipun jêmparing lumêpas, sang rêsi angandika malih: Mangke anggèr, kula aturi nyarèhakên sawatawis, kula badhe nyêlani pitakèn, ing salêbêtipun paduka nyipat pêpêthan pêksi garudha punika punapanipun ingkang katingal. Ingkang tinannya matur: Ingkang katingal sirahing pêksi, mandera, suwiwi tuwin badanipun sakojur punapadene para kadang-kadang kula sadaya. Sang pandhita gèdhèg-gèdhèg sarwi ngandika: O, inggih sampun anggèr, jêmparing kula aturi nglêpasakên, nanging têmtu lêpatipun, pêpêthan botên badhe sagêd kenging. Suwawi kacobia.

Yêktos, sarêng jêmparing lumarap, botên sagêd mêncok. Makatên punika adamêl anyêling panggalihipun Sang Duryudana, mila ngangkah badhe ngambali malih, awit saking pangintênipun mênggahing panyipat sampun dipun pratitisakên sangêt, lôngka yèn ta lêpata. Ewadene sang rêsi ugi amarêngakên Sang Duryudana supados angambali malih. Sarêng gandhewa pinênthang sarta nêngah-nêngahi anyipat lajêng tinanya malih kados ing nginggil: Sapunika punapa ingkang katingal, anggèr. Wangsulanipun: Sirahing pêksi, mandera, suwiwi tuwin badanipun sakojur.... Makatên ngantos marambah-rambah anggènipun ngambali anjêmparing, nanging tansah tuna botên sagêd mencok, mila sarêng sampun sawatawis rambahan anggènipun tumindak kados makatên sarta sarêng kadangu wangsulanipun sami kemawon, sang rêsi lajêng ngandika: Sampun anggèr, prayogi kula aturi kèndêl kemawon rumiyin, awit sampun mêsthi lêpatipun, tangèh sagêdipun kenging, sapunika gêntos ingkang rayi, sumôngga jêmparing lajêng kaparingna gêntos.

Kacariyos sarèhning sampun dipun pangandikani dening maha guru sêsêmbahanipun kados makatên, jêmparing nuntên kaparingakên dhatêng para ari satus tumaruntun, sarta sang rêsi ugi lajêng dhawuh miwiti anyipat pêpêthan agêntos-gêntos, ingkang rumiyin kadang ingkang kaprênah sêpuh, lajêng mandhap-mandhap para ari ngantos dumugi ingkang kaprênah ênèm piyambak, kêmputipun saking Korawa satus, sadaya sami nyinau anjêmparing, lan ugi botên atilar ing pangatos-atos.

Badhe kasambêtan

Nirasa.

--- 1277 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Sanès sêsakit cholera. Ing bab wartos wontên sêsakit cholera ingkang tuwuh ing Pangkajênê, Makasar, sarêng dipun priksa, dèrèng sagêd katêtêpakên nyatanipun sêsakit cholera, awit salajêngipun lajêng botên wontên tiyang ingkang sakit malih.

Batikbond Solo angsal montên. Miturut wartos, Batikbond ing Surakarta ingkang pakêmpalanipun sampun dipun absahi dening Departement van Economische Zaken, sagêd tumbas montên tanpa lantaran dhatêng sudagar ingkang andhatêngakên. Dene tumindakipun mawi prajanjian-prajanjian 1 pakêmpalan wau satunggiling pakêmpalan economie ingkang namung maligi nindakakên babagan punika. 2 warganipun ngêmungakên sudagar bathik, apêsipun ngadhahinggadhahi. punggawa kalih. 3 warganipun botên kenging nyambut dhatêng sudagar lantaran. 4 namung kenging lêlintonan barang kalihan golonganipun. 5 kengingipun tumbas montên namung manawi dipun sumêrêpi dening golonganipun. 6 bond wau panumbasipun barang kêdah dhatêng ingkang andhatêngakên kanthi bayar kropyok. 7 bond wau kêdah anggadhahi fonds ingkang kapêndhêtakên saking arta bêbathèn. 8 bond kêdah ngèndêli warganipun ingkang nêrak tatanan. Tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun.

Ingsêr-ingsêran saha inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, R. Sosrohadisoeparto, wêdana ing Ploso, Kabupatèn Jombang, paresidenan Surabaya, dados wêdana ing Mojokasri, kabupatèn Mojokêrto, paresidenan Surabaya, R.M. Sardjoeno asistèn wêdana paresidenan Kêdiri, dados wêdana ing Ploso, kabupatèn Jombang paresidenan Surabaya. R. Abdoelhamid asistèn wêdana paresidenan Surabaya, dados wêdana ing Singgahan, kabupatèn Tuban, paresidenan Bojonêgoro. M. Djohardi ugi nama Brotoatmodjo tijd. wd. asistèn wêdana paresidenan Bêsuki, dados ajunct Regentschapssecretaris ing Tulungagung, paresidenan Kêdiri.

Nyonyah Van Deventer yuswa 80 taun. Kala dintên Jumuwah kêpêngkêr, Nyonyah Van Deventer ingkang asmanipun misuwur wontên ing tanah ngriki, têtêp yuswa 80 taun. Ing dintên wau sawarnining sêkolahan Van Deventer ngawontênakên paargyan mèngêti dintên wiyosanipun wau. Tumrap para murid kitha-kitha agêng sami kapurih ningali gambar idhup ingkang mitongtonakên kasugênganipun Nyonyah Van Deventer wau. Dumugi sapriki Nyonyah Van Deventer tansah manggalih dhatêng kamajênganing sêkolahan-sêkolahan Van Deventer, inggih atêgês ngajêngakên têtiyang ing tanah ngriki.

Firma-firma Eropa ambiyantu. Ing bab wontênipun paprangan ing Tiongkok, para diresteur bank utawi firma Eropa ing Bêtawi sami sarêmbag badhe suka urunan dhatêng fond Roode Kruis Tiongkok, satunggal-satunggalipun nyukani f 500.-.

Bathik tanah ngriki badhe angsal pêkên ing Siam. Ingkang pinanggih ing Siam, tumrap panganggening tiyang sami ngangge barang tênunan saking Jêpan. Ing sarèhning ing sapunika nuju kados makatên, angsalipun badhe wau ragi rêndhêt. Bab punika wontên ingipipun sinjang saking tanah ngriki badhe pajêng dipun sade ing Siam. Malah pakêmpalan bathik ing Pêkalongan ngintunakên bathik warni-warni lumantar saking Departement Economische Zaken.

Pakunjaran ing Nusakambangan badhe dipun agêngakên. Wontên wartos pakunjaran-pakunjaran ing Nusakambangan ingkang rumiyin namung isi tiyang 6000 badhe dipun wêwahi cêkap kangge tiyang 10.000, kanthi kawontênakên pakunjaran enggal kalih.

[Iklan]

Ewah-ewahan tatanan ing Postpaarbank. Kawrat kêkancingan saking gupêrmèn miturut tatanan Postpaarbank, ing sapunika ing kantor-kantor pos tuwin kantor-kantor pos pitulungan kenging ambayar arta ing baku Postpaarbank ngantos f 200.- ingkang rumiyin namung dumugi f 100.-.

Kêbêsmèn wana ing rêdi Wilis. Sampun sawatawis dintên wana ing rêdi Wilis kêbêsmi. Nalika kapriksa, ingkang kêbêsmi antawis kalih km. saking Parang, lampahing latu têrus mangidul tuwin mangalèr. Jalaraning kêbêsmi dèrèng kasumêrêpan cêtha.

Rukun Perlayaran Indonesia. Wiwit tanggal 1 October punika Parindra pang Bêtawi sampun ngêdêgakên Rukun Perlayaran Indonesia, ingkang bakunipun manggèn ing Surabaya. Kajênging pakêmpalan punika ngawontênakên lampah dhatêng tigang panggenan kanthi baita-baita Bugis saking Bêtawi dhatêng tanah Sabrang.

Bapa Têrêh tilar donya. Juru anggantung tiyang ingkang misuwur ing tanah ngriki, inggih punika Bapa Têrêh, sampun sawatawis dintên punika tilar donya. Dene ingkang anggêntosi pambantunipun nama Mardan, dene ingkang dados pambantu bangsa Tionghwa nama Ang Kim Tjeng.

Rajapêjah ing Sukabumi. Sampun sawatawis dintên ing Sukabumi wontên rajapêjah nyalawados ingkang pinanggih wontên ing salêbêting toko kêmasan bangsa Tionghwa. Tiyang ingkang pêjah wau bangsa Tionghwa ingkang dipun pitados jagi toko. Ngantos sapriki pulisi dèrèng angsal katrangan ingkang maton. Ing bab punika, bangsa Tionghwa ingkang gadhah toko, nama Kang Yoe Tak, gadhah kasagahan, sintên ingkang sagêd suka katrangan prakawis punika ngantos sagêd nyêpêng tiyang ingkang mêjahi, kadugi badhe nyukani ganjaran arta f 500.-.

Cooperatie pêlêm. Kala taun kêpêngkêr Departement van Economische Zaken tuwin Departement Pangrèhpraja anindakakên rêrigên supados têtiyang ingkang sami nggadhahi kêbon pêlêm ing Indramayu luwar saking cangkêrêmanipun juru potang. Pinanggihipun ing sapunika sampun katingal sae. Têtiyang ingkang sami tumut dhatêng cooperatie sami sagêd luwar saking bêbaya sambut, kêbon-kêbonipun pinanggih langkung sae tinimbang têtiyang ingkang taksih nindakakên sade sarana nyambut arta rumiyin. Makatên malih ing sapunika bab pangupakaraning wit ugi langkung ngatos-atos, amargi para ingkang sami gadhah kêbon wau gadhah pangajêng-ajêng sae tumrap benjing wancining ngundhuh.

--- 1278 ---

O.L. Mij. Bumiputra damêl gilingan pantun. Miturut wartos, Onderlinge Levensverzekering Mij. Bumiputra badhe ngêdêgakên panggilingan pantun wontên ing Indramayu, kanthi pawitan satêngah yuta rupiyah saha badhe madêg dados N.V. ingkang pisah.

Sarang burung (susuh sêndawa). Sampun sawatawis taun, jalaran saking rêrêgèn sarang burung mandhap sangêt, padagangan wau lajêng kèndêl, saha lajêng botên dipun pêndheti malih. Sarêng sapunika majêng, lajêng nindakakên ngundhuh kados adat. Nanging sarèhning sampun dangu sarang burung wau botên dipun ewah-ewah, anjalari para pêksi botên damêl susuh enggal, lajêng wangsul dhatêng susuhipun lami, mila sarêng kapêndhêt, kêpêksa dipun sandèkakên, amargi susuh wau sakalangkung rêgêd. Ingkang makatên punika lajêng adamêl kapitunanipun ingkang amajêgi.

Têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng laladan Cilacap. Kala Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak dhatêng laladan Cilacap, kaparêng têdhak dhatêng dhusun ing sagantên ing Ujung Alang. Ingriku kawontênakên paklêmpakaning para punggawa dhusun kanan keringipun ngriku. Pambêktanipun dhatêng para ingkang sami rawuh saking baita motor kaêwrat ing gèthèk. Inggih sawêg sapisan punika Gupêrnur Jendral rawuh ing papan ingkang kados makatên. Ingriku kawontênakên sawangan baita-baita pamisayan ulam 60 sami langkung. Lênggahdalêm ingriku ngantos satêngah jam. Rawuhdalêm ing Kalipucang ragi lungse.

Lampahipun Dr. Cator. Kados ingkang sampun nate dipun cariyosakên, Dr. Cator angadani lampah dhatêng parêdèn ing Nieuw-Guinea Têngah tuwin Kidul. Bab punika sampun kêlampahan, tumindaking lampah kanthi tiyang 92 saha sampun dumugi ing Lèpèn Uta. Sarèhning sadumuginipun ingriku nuju bêna, mila lampahipun kêpêksa kandhêg, sagêdipun majêng namung sakêdhik. Lampah punika botên wontên ingkang dados cucuk têdah margi, amargi botên angsal tiyang Papua ing sacêlakipun ngriku. Miturut pangrancang, benjing tanggal 21 wulan punika badhe wiwit minggah rêdi ingkang inggilipun 3000 m. Tumrap ingkang tumindhak ing damêl sami kasarasan.

Pados jajahan kangge paboyongan. Departement Pangrèhpraja, Vekeer en Waterstaat tuwin Economische Zaken, ing wêkdal punika anggalih pados papan paboyongan ing tanah Sabrang ing Sumatra Kilèn, inggih punika ing tanah Minangkabau. Ing sapunika sawêg nindakakên paniti dhatêng kawontênanipun ing tanah ngriku.

Congres Muhammadiyah. Awit saking kamirahan dalêm Sampeyan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, badhe wontêning congres Muhammadiyah, kaparingan papan wontên ing alun-alun lèr. Papan wau lajêng dipun sêbut Medan Congres. Jêmbaring papan wau wontên 115 ping 85 m. Papan congres wau awujud griya agêng, papan tentoonstelling barang dagangan, papan pamiyaran bayi, papan pajajanan, toko congres tuwin sanès-sanèsipun. Rantamaning waragad f 800.-. Ing tanggal 7-8 kaangkah sasampuna rampung. Tumrap tentoonstelling saking Departement van Economische Zaken katata wiwit tanggal 2 October.

Gêdhong Postspaarbank ing Medan. Sampun wontên dhawuh saking parentah marêngakên damêl gêdhong Postspaarbank ing Medan, waragadipun f 126.000.-. Gêdhong wau kadamêl gagrag enggal, sarwa bêton, payonipun papak, mawi lotèng tuwin mawi lowahan ingandhap, ingkang kenging kaangge pandêlikan manawi wontên bêbaya saking gêgana.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, R. Soeparman.

Pawartos bab indhakan balanja. Ingajêng sampun nate wontên wartos bilih commissie babagan balanja gadhah atur dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados tumuntên kawontênakên tatanan indhakan balanja, inggih punika tuslag ing sawatawis wêkdal kangge ngêntosi ngantos sadumugining wontênipun tatanan balanja enggal. Ingkang kasêbut ing usul wau, indhakan balanja punika sagêda katampèn wontên ing tanggal 25 wulan punika. Ing bab punika Algemeene Secretarie sampun tampi dhawuh Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana supados tumuntên nêdha panimbang dhatêng Bezoldigingscommissie.

Sêsakit pèst ing laladan Priyangan. Wiwit tanggal 19 dumugi tanggal 25 Sèptèmbêr kêpêngkêr ing laladan Bandung tuwin Sumêdang wontên tiyang 10 kêtrajang sêsakit pèst, ingkang pinanggihing têtimbanganipun tinimbang minggu pêndhakipun suda sangêt. Pêpetangan wau pinanggih sae piyambak tumrap ing taun punika. Pakampungan ingkang padatan wontên tiyangipun sakit pèst satunggal kalih, ing sapunika sampun sêpên.

Arta kêrtas palsu. Sampun sawatawis dintên Javasche Bank ing Bêtawi nampèni arta kêrtas f 10 palsu, ciri H.G. 09225, arta wau asli saking kantor post ing Bêtawi.

EUROPA

Kasangsaran motor mabur. Motor mabur Courtier ingkang nuju anggêgana saking Mêsir dhatêng Paris, nalika wontên ing margi badhe mandhap, amargi hawanipun awon sangêt. Motor wau motor mabur toya, nanging bokmanawi jalaran kêlintu anggènipun nglampahakên, dhawahipun ing toya anjungkêl, saha lajêng kêlêm. Têtiyangipun ingkang numpak wontên 9, ingkang 2 ical, ingkang 6 nandhang tatu. Miturut katrangan ingkang tiwas wau bangsa Amerika nama Roy Henderson tuwin Luitenant Kolonel R.D. Acland saking Irak. Sanès-sanèsipun ingkang sami nandhang tatu lajêng dipun upakara ing griya sakit.

Pêpacangan. Wontên pawartos, Prins Paul ing Griekenland, sadhèrèk Nata George, nata ing Griekenland saha ingkang badhe sumilih kaprabon, apêpacangan kalihan Prinses Frederika Louise ing Hanover, putrinipun Hertog Brunswijk.

AMERIKA

Bangsa Jêpan Tionghwa pasulayan. Miturut wartos saking Los Angeles, bangsa Jêpan tuwin bangsa Tionghwa ingriku sami pasulayan. Wontên tiyang 80 sami gulêtgêlut. wontên sawingkinging gêdhong pangadilan, wontên bangsa Jêpan 2 tuwin bangsa Tionghwa 2 sami nandhang tatu, lajêng kaupakara dhatêng griya sakit. Cacahipun bangsa Tionghwa ingkang pasulayan namung sapratinganipunsapratiganipun. bangsa Jêpan.

PonggawaPunggawa. sêpur angsal indhakan balanja. Miturut wartos saking Chicago, directeur-directeur pakaryan sêpur gangsal golongan ingkang kapetang agêng piyambak ing tanah ngriku, sami anandhatangani prajangjian ingkang suraosipun badhe nyukani indhakan balanja dhatêng para punggawanipun, cacahing punggawa wau wontên saprapat yuta, sabên tiyang satunggal angsal indhakan balanja 40 sèn ing dalêm sadintênipun. Jalaran saking indhakan balanja wau, golongan-golongan pakaryan sêpur wau ngêdalakên arta ing sabên taun 35.000.000 dollar. Pakaryan sêpur wau gadhah margi sêpur 86 panggenan.

ASIA

ParaharaPrahara. agêng malih. Miturut wartos, ing Hongkong wontên tanda-tanda badhe wontên prahara agêng malih. Nanging pakèwêt anggènipun badhe nêtêpakên dhatêngipun, amargi pirantos-pirantos ingkang kangge mriksa sampun dhawah wontên tangan Jêpan. Prahara wau sampun langkung saêlèr wetan Hongkong antawis 50 km. Tumrap Hongkong namung katrajang angin agêng botên sapintêna.

--- 1279 ---

Wêwaosan

III. Lêpampahanipun Ilya

19

8. Ilya

Ing tanah jajahan praja Ruslan ingkang sisih lèr, inggih taksih kalêbêt laladanipun Sang Prabu Wladhimir, nata ingkang dêdunung wontên ing Kiyèf, wontên dhusun agêng, kawastanan: Karasaro. Ingkang papanipun botên têbih saking kitha: Murom. Ing dhusun ngriku wontên tiyang tani nama: Iwan, ingkang anggadhahi anak jalêr tuwin èstri sawatawis. Iwan trêsna lan asih sangêt dhatêng anak-anakipun wau, ananging wontên satunggal ingkang langkung dipun sihi katimbang sanès-sanèsipun, jalaran salaminipun tansah sakitên kemawon, inggih punika anak jalêr ingkang nama: Ilya. Umuripun Ilya punika sampun tigang dasa taun, ewasamantên botên sagêd ngebahakên badanipun babarpisan, jalaran Ilya sakit lumpuh badanipun sakojur. Sabên dintên ngêmungakên tilêman kalihan nêningali ing sajawining griya kemawon. Gêsangipun Ilya wau salaminipun mila tansah amêmêlas sangêt. Manawi enjing tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun jalêr èstri sami nilar griya prêlu nyambutdamêl wontên ing sabin, wangsul-wangsul manawi sampun sontên. Amila sabên dintên, Ilya kêpêksa kêdah wontên ing griya piyambakan. Nanging lêlampahanipun ingkang makatên punika malah manjing dados tapanipun. Sabab siang dalu Ilya tansah botên supe dhatêng ingkang Murbèng Kuwasa, sarta botên kèndêl anggènipun tansah nênuwun supados sagêda saras saking sakitipun. Sanadyan dumuginipun samantên botên kinabulakên punapa ingkang dados panuwunipun, ewasamantên Ilya botên lajêng bosên, nanging malah saya bantêr sumujudipun dhatêng ingkang Kuwasa. Sabên dintên ingkang kagagas ngêmungakên kawontênanipun ing sajawining griya, ing ara-ara, ing pasabinan, lan sasaminipun. Inggih punika papanipun tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun nyambutdamêl. Gèk kados punapa sênêngipun saupami sagêda tumut bêbênteran tuwin angsal hawa ing jawi kados caranipun tiyang limrah. Ewasamantên Ilya mêksa botên anggadhahi manah bêntèr utawi sêrik dhatêng sasamining gêsang ingkang pinaringan saras.

Kadhangkala, manawi Ilya wau kalêrês piyambakan wontên ing griya, asring sok wontên para druwis ingkang lumêbêt ing griyanipun nêdya ngaso sawatawis. Ing sarèhning bangsaning druwis punika damêlipun namung alêlana anjajah praja, saha andhatêngi ing papan-papan ingkang sukci tuwin angkêr, dongenganipun inggih sok kathah lan warni-warni. Manawi kalêrês mirêngakên dongèngipun para druwis wau, lêganing manahipu Ilya inggih sakalangkung-langkung, sarta anggènipun mirêngakên inggih kanthi yêktosan, salêbêtipun mirêngakên cariyosipun para druwis wau, rumaosipun Ilya lajêng kadosdene tumut anglampahi piyambak, tumut anglampahi: tindak damêl ingkang ambêbayani, midêr-midêr ing wana agêng, nyêmbahyangi ing pasareyanipun para pandhita ingkang linangkung, lan sasaminipun.

Nanging ingkang dipun sênêngi sangêt dening Ilya punika, manawi para druwis wau nyariyosakên mênggah kawontênanipun ing kitha Kiyèf, utawi ngandharakên cariyosanipun Prabu Wladhimir tuwin para satriya lan para prajuritipun ingkang sami kêndêl lan prawira. Saya bingah malih manawi Ilya mirêng kawontênanipun ing salêbêting kadhaton ing Kiyèf ingkang sadaya-sadaya sarwa èdi lan sae. Kadhang-kadhang Ilya katingal grêgêt-grêgêt kalanipun mirêng dêdongenganipun Naga Gurindayêksa, ingkang dêdunung wontên ing guwa ing rêdi Sorotya saha gêsangipun sarana môngsa manungsa, makatên ugi cariyosipun: Solowe ingkang damêlipun ambegal tiyang ingkang badhe kesah dhatêng Kiyèf, adamêl bêntèring manahipun Ilya, salajêngipun tanpa kèndêl anggènipun Ilya pitakèn dhatêng druwis ing bab ingkang dados godharêncananipun praja Ruslan ingkang kalih warni punika. Kanthi lêganing manah para druwis wau inggih lajêng nyariyosakên punapa wontênipun, ing batos wêlas dhatêng lare neneman ingkang sawêg nandhang sakit wau, sarta lajêng sok angudaraos makatên: eman têmên, dene bocah nonoman iki duwe lêlara kang ora ana pangarêp-arêpe bakal bisa mari. Ing môngka nitik wirasate, bocah iki bocah pintêr, wêdi marang ingkang Kuwasa, luhur bêbudène lan rupane iya kêndê lan prawira. Salajêngipun para druwis wau, manawi pamit dhatêng Ilya, ing batos kêncêng sêdyanipun, badhe nyuwun brêkah ing papan ingkang sukci utawi ing pasaeyanipun pandhita ingkang katrimah, supados Ilya wau sagêda pinaringan saras saking sêsakitipun dening ingkang Kuwasa. Ingkang kathah-kathah para druwis wau sami supe dhatêng jangjinipun, nanging sawênèh dipun lampahi yêktos, ewasamantên sadaya panuwunipun tanpa damêl, Ilya botên saras saking anggènipun sakit lumpuh wau.

Manawi para druwis wau sampun kesah, limrahipun bapakipun lajêng sok pitakèn makatên: ora, ênggèr, anakku, genea kowe têka tansah ngandhakake naga lan begal kang gawene mêmantèni uwong bae. Kowe ora susah wêdi lan kuwatir, ora-orane [o...]

--- 1280 ---

[...ra-orane] naga bakal anggondhol kowe, lan begal: Solowe ora-orane bakal mrane.mrene.

Padatanipun, Ilya namung kèndêl kemawon, nanging tansah anggagas dhatêng begal ingkang tansah aganggu damêl dhatêng sadaya tiyang ingkang badhe dhatêng Kiyèf. Manawi dalu Ilya asring nyupêna pinanggih kalihan begal: Solowe wontên ing têngahing wana, utawi nyupêna nglêbêti guwanipun Naga Gurindayêksa ingkang pêtêng saha ingkang dumunung wontên ing rêdi Sorotya. Jalaran wontênipun naga tuwin begal ingkang tansah aganggu damêl dhatêng para kawula ing praja Ruslan wau, ing batos, Ilya tansah gumun, dene para prajuritipun Sang Prabu Wladhimir ingkang kacêluk mênggahing kêkêndêlanipun, têka namung sênêng-sênêng kemawon, botên ambudidaya dhatêng pêjahipun rêrêgêding donya kêkalih ingkang tansah namung badhe ngrisak praja wau. Langkung-langkung mênggahing begal, Solowe tansah dados manahipun kemawon, ngantos angrêgêdi manahipun anggèning sumujud dhatêng pangeranipun. Pêpuntoning gagasan, Ilya anguda raos makatên: yèn aku dadia prajurit, ora bakal lêga atiku, yèn aku durung bisa matèni begal iki, sarta bisa ngluwari nagaraku saka panggodhane mau.

Ing satunggiling dintên, Ilya ngathang-athang wontên ing papan patilêmanipun anggagas cariyosipun satunggiling druwis ingkang mêntas kesah saking ngriku ing bab wontênipun prajurit pintên-pintên ingkang kêndêl lan prawira, saha ingkang sampun pinêjahan dening begal: Solowe wau. Kala punika enjing umun-umun tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun sami kesah dhatêng sabin, sabab ing wêkdal punika môngsa panèn, mangsanipun padamêlan kathah sangêt, ngantos asring kêkirangan tiyang, amila panyambutdamêlipun dhatêng sabin inggih lajêng dipun gasikakên. Dene Ilya lajêng kapêksa sadintên muput wontên ing griya piyambakan, ing batos piyambakipun sakalangkung nalôngsa, dene botên sagêd ambantu nyambutdamêl dhatêng tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun wau.

Dumadakan, Ilya mirêng suwaraning tiyang lumampah wontên ing margi ingkang sêpên punika, sarêng piyambakipun ningali ing jawi, sumêrêp wontên tiyang sêpuh tiga, ingkang katingal mêlarat sangêt. Sarêng tiyang tiga wau sumêrêp dhatêng Ilya, enggal-enggal wicantên makatên:

Sadhèrèk Ilya, mugi sampeyan tangia saking papan patilêman sampeyan, lan sampeyan êngakake lawange, supaya kula sakônca niki bisa mlêbu mriku, sarta mugi sampeyan nyukanana ombèn-ombèn napa mawon, kanggo tambane ngêlak kula sakônca niki.

Nanging Ilya amangsuli makatên:

Kula kêpengin sangêt sagêda mênyat saking papan patilêman kula punika, sarta ngêngakakên kori anglêbêtakên panjênêngan sadaya, lan mendah kados punapa bingah kula, saupami kula sagêd ngaturi unjukan dhatêng panjênêngan sadaya, nanging sadaya wau kula botên sagêd. Sampun tigang dasa taun anggèn kula tansah glumlethakgumlethak. ing papan punika, lan sampun tigang dasa taun dangunipun anggèn kula botên sagêd ngebahakên suku kula punika.

Tiyang sêpuh têtiga wau wicantên malih:

Ewadene kula balèni prentah kula têng sampeyan, cobi sampeyan mênyat saking papan paturon sampeyan niku.

Ilya nyawang dhatêng tiyang sêpuh tiga wau, lan sumêrêp, bilih akènipun wau botên kangge gêgujêngan kemawon, malah kanthi têmên-têmên, lan nitik kêclaping mripatipun, tiyang sêpuh têtiga wau sajak gadhah wêlas lan asih dhatêng pun Ilya. Amila Ilya inggih lajêng nyobi badhe miturutkimituruti. pikajênganipun tiyang têtiga wau. Sakawit suku ingkang têngên kacobi dipun salonjorakên, lan ing ngriku karaos, yèn piyambakipun sagêd angebahakên. Suku ingkang kiwa lajêng kasenggol, ing ngriku inggih karaos malih manawi sukunipun wau botên lumpuh. Tanganipun ingkang dumuginipun ing kala punika botên kenging kangge ebah babarpisan, dumadakan sagêd gêsang sanalika. Salajêngipun piyambakipun akraos, bilih lampahing êrah ing sabadanipun ujug-ujug bêntèr saha akraos, yèn piyambakipun sagêd migunakakên tangan lan sukunipun. Sakala punika Ilya ujug-ujug nyat, sagêd mênyat saking papan patilêmanipun, lumêjang ngêngakakên korining griya, saha lajêng ngacarani tiyang sêpuh têtiga wau lumêbêt ing griyanipun. Sarêng tiyang sêpuh têtiga wau lumêbêt ing griya, lajêng suka sasmita tôndha mrapat, minôngka tandhanipun tiyang Kristên sajati, saha lajêng sami suka urmat dhatêng pun Ilya, kadosdene padatanipun tiyang ingkang mangrêtos dhatêng tatakrama ing wêkdal samantên. Ilya urmat kanthi andhap asor sangêt saha ngacarani lênggah wontên ing bangku. Sasampunipun para tamu wau sami lênggah, Ilya enggal-enggal lumêbêt ing gudhang prêlu mêndhêt gêndhul isi bir sawatawis ingkang lajêng kaladosakên dhatêng tamunipun punika. Tiga-tiganipun anglairakên gênging panarimahipun. Sarêng sampun sami rampung anggènipun ngombe, tamu ingkang sêpuh piyambak wicantên makatên:

Cobi sampeyan saniki mang ngombe êbir turahan kula niki.

Badhe kasambêtan.

--- 157 ---

No. 40, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, REGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK, LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Soetjipto p/a R.S.I. Mertodiwirjo, Gep. Patih Pêmalang. Layangmu anêpungake nyang Bu Mar wis daktampa kanthi sênênging atiku. Barêng aku kocritani bab adhimu, aku banjur kêpengin wêruh, ndah kaya apa anggone andêmênakake, ya? Mbok iya Bu Mar, dikèki portrète yèn kowe duwe. Adimu kabèh pira ta, To? Karanganmu uga wis kêtampan.

Rochiani, Munthilan. Andadèkake bangêt sênêngku kowe mêrlokake anêpungake nyang Bu Mar. Nanging aja pisan dadi atimu ya Ni, dene aku ora bisa nuruti apa sing dadi panjalukmu, yaiku macak potrètku, awit dakpikir-pikir kok kurang pêrlu, karo manèh aku ya ora duwe potrètku dewe, awit ya wong ora tau potrèt. Kowe nakokake Bu Siti Marjam, panjênêngane kuwi dadi guru ana ing Bogor, mbok manawa ya isih rada mambu-mambu karo Bu Mar, e, mbok manawa lho, aku ya durung pati cêtha. Ni, kapan kowe sidane plêsir nyang Bêtawi, ibumu tansah ngarêp-arêp.

Soem Poerbatin, Ngayogya. Aku wis tampa layangmu, ora liya bangêt panrimaku. Sukur, yèn kowe arêp milu lêlumban ana ing Taman Bocah. Karanganmu uga wis kêtampan.

Endang Tien Praptining Soerasrie, Blitar. Bangêt bungahku aku wuwuh kêponakanku saka Blitar. Ach, aku ora bisa ambadhe bab sêkolahmu, coba ta bok kokandhani bae. Tien, aku ya duwe kêponakan akeh ana ing Blitar, nanging jênênge kok mêsthi anèh-anèh, angèl anggonku ngeling-eling. Dadi ing Blitar kuwi akèh katès, ya Tien, mula enak yèn dipangan karo kecap, biyèn dèk ibumu isih cilik gawene ya mangan kaya ngono kuwi, saiki kok ya isih sênêng. Tien ibumu isih durung bisa tilik nyang Blitar, awit isih ribêd.

Sri Mastoeti, Surakarta. Wah Sri, kok mêmêlas têmên bocah loro kang kacilakan kuwi, sing kokandhakake ing layangmu kae. Wong arêp cilaka kok gampang têmên, ya Sri, ndilalah nyenggol dhingklik kang ana gêndule isi spiritus bae, dadi jalaran patine. Apa kowe ya ndêlok bocahe kang kobong ya Sri, kiraku ya ora têgêl wêruh. Sri, Endang Tien Praptining Soerasrie kêpengin nêpungake karo kowe.

Kho Ngo Nio Blabak. Bangêt panrimaku kokirimi karangan lêlucon warna-warna.

Kho Ngo Kioe Blabak. Layangmu isi karangan lêlucon warna-warna wis daktampa kanthi bungah.

Moerati C.1. Taman Siswa Slawi. Aku wis tampa layangmu pitêpungan, ora liya bangêt panrimaku. Satampane layang iki, kowe mêstine wis wêruh, entuk orane, anggonmu tuku lotêrij. Nanging yèn hoofdprijs wis gênah ora entuk, aku wis ndêlok, dadi kowe banjur ora sida nyang Batawi, wah gêla aku.

M.K.S. Koestinah p/a M. Djojodihardjo, Kriyongan, Jêmbêr. Kirimanmu postwissêl wis daktampa, bangêt panrimaku, malah wis dakaturake nyang administratie, sawatara dina manèh kowe bakal tampa lampiran Taman Bocah.

Sêkiban p/a S.J. Soeripto Djajahartana, Wirosari. Andadèkake bangêt panrimaku kowe mêrlokake anêpungake nyang Bu Mar sarta ngirimi karangan cangkriman. Saya bungah atiku, upama kowe ngirmingirimi. karangan dêdongengan kang anêngsêmake lan lucu-lucu.

Soemiwati, Wirosari. Layangmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Dadi kowe tunggal saomah karo kêponakanmu. Saiba ya, sênênge, dadi bisa maca T.B. barêng-barêng, upama langganan ya bocah loro barêngan. Ti, yèn kowe arêp ngirimi dêdongengan ya kêna katulis ing postblad, coba enggal kirimana, ibumu ngarêp-arêp bangêt.

Soem, Kêbumèn. Bangêt panrimaku kokirimi layang manèh lan uga isi karangan cangkriman lan lêlucon.

Bambang Irawan, Tuban. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Aku bungah, dene kowe anduwèni panêmu kang kaya mangkono, yaiku wong kang ora maca layang kabar iku kêna diupamakake omah kang ora ana korine.

O, Irawan, aku ya milu ndongakake, supaya kowe kasêmbadana angên-angênmu, bisaa entuk anggonmu examen. Pambatangmu luput, aku dudu R.S. Hardjodibroto.

Sanjoto, G. Entjlek IV No. 3. Oud Gondangdia Bat, Centrum. Sêmbah pangabêktimu wis daktampa, bangêt panrimaku lan karanganmu uga wis kêtampan kanthi sênênging atiku.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 158 ---

LÊLUCON

ENDHOG BISA DADI PITIK

[Grafik]

Coba, bocah-bocah, kowe padha nyobaa gawe gambar kaya ing dhuwur iki, sadhela bae koe banjur duwe jago. Sêkawit gawe bundêran, banjur kaya sing kacêtha nomêr 2, banjur nomêr 3, nomore 4 wis wujud pitik.

Gambaran kaya ngono mau bisa dadi panglantih, lan banjur ngêrti carane gawe gambar pêpêthan. Ya aja manèh kang nganti wujud gambar pitik, tumraping bocah cilik lagi bisa nggambar êndhog bae, wis bungah, malah sok digambarake ing êndi-êndi.

UMUK-UMUKAN

A : ''Aku yèn nglakokake motorku nganti kaya sêpur bliksêm.''

B : ''Iku durung patiya bantêr, motorku nganti kaya sêpur bêngi.''

C : ''Mêksa durung kaya motorku; mosok nganti kaya sêpur ''telepoon.''

Soem, Kêbumèn

Pintêr etung

Nano : ''Krambil sêparo disigar dadi pira?''

Tiktok : ''Dadi sêprapat.''

Nano : ''Nèk diprapat dadi pira?''

Tiktok : ''Iya dadi sapranêmbêlas.''

Nano : ''Lah nèk dipranêmbêlas kabèh dadi pira?''

Tiktok : ''Dadi - dadi - srundèng!''

Soetjipto

Si Karman diparingi dhuwit dening priyayi kang wêlas marang dhèwèke, nanging rèhning Karman durung ngêrti apa-apa, dhuwit mau ya ditampani kanthi bungah, nanging mung mênêng bae. Wêruh kaya mêngkono iku, bok Karman calathu: ''Muni priye. Man''

Karman mangsuli: ''Nyuwun malih!''

Sanjoto, Gondangdia Batvia.-C

CANGKRIMAN ANYAR

I. Warêg tanpa mangan

Mlaku tanpa sikil

Bisa calathu tanpa cangkêm

Têtuduh tanpa tangan

Lan apa sagunême wong-wong mung kari ngandêl. Sapa iku?

II. Ana têmbung yèn kawaca kang bênêr, basane kewan mau.

Nanging yèn pamacamu saka buri dadi panganggone kewan mau.

Kewan apa iku?

Soem, Kêbumèn

III. Ana kêdadean, ya ana arane

Dadine tanpa digawe, apa iku?

Soemiwati, Wirosari

SING WÊLAS MARANG SATO KEWAN

Ana bocah jênênge Amat. Dhèwèke sêkolah ana H.I.S. Ing sasi Pasa dhèwèke libur lan lunga mênyang desane.

Ing sawijining dina Amat mlaku-mlaku mênyang kêbon. Dhèwèke wêruh bocah loro, sing siji anggawa bêdhil lan sijine lagi marani manuk kang wis dibêdhil.

Amat wêlas marang manuk mau, nanging rèhne wis kêbacut ya mung mênêng bae. Dhèwèke golèk akal supaya bocah-bocah mau ora padha mbêdhil manèh. Kabênêran entuk. Amat nuli andhêlik ana saburine wit kang gêdhe. Sawise bocah loro mau têkan kono, dhèwèke banjur ngetok lan calathu karo sing nyêkêl bêdhil: ''Kowe titis ya mbêdhil, mbok aku tak njajal mbêdhil.'' Wangsulane bocah mau: ''Kowe olèh mbêdhil nanging gotrine kowe mêsthi tuku.'' Amat takon: ''Gotri siji rêgane pira?'' Wangsulane bocah mau: ''Saêsèn.'' Amat calathu manèh: ''Saiki gotrine kari pira?'' Kandhane bocah mau: ''Kari lima,'' Amat banjur njupuk dhuwit limang sèn lan diwènèhake. Dhèwèke olèh gotri, lan banjur calathu:

''Kanca-kanca, aku saiki durung bisa mbêdhil, yèn kowe gêlêm, sesuk dolana mênyang panggonanku padha dolanan karo aku, nanging aja mbêdhil.''

Bocah-bocah mau banjur ngêrti apa karêpe Amat, lan banjur padha dadi kancane. Wiwit dina iku bocah loro mau ora mbêdhil manèh.

Sanjoto, Gondangdia.

--- 159 ---

KÊTHÈK LAN BULUS

Ana sawijining kêthèk kang bangêt nakal lan ala atine; karo kanca-kancane kêliwat jaile, nganti kanca-kancane kabèh padha ora gêlêm momoran karo dhèwèke. Wis kaping pira bae si kêthèk nyoba nyêdhaki kancane, nanging ora bisa, awit kabèh kêthèk ora ana kang ngetokake ulat sumèh, awit ing ngêndi panggonan wis kêsumurupan alane. Mulane dhèwèke banjur dhewekan bae.

Karo ngunjal napas kêthèk mau calathu dhewe mangkene: ''Apa akale saiki?'' Barêng wis mikir-mikir sadhela banjur calathu manèh: ''Ach, aku ora pêrduli, kabèh kancaku saiki nêsu karo aku, aku takgolèk kanca liya.'' Kêthèk nuli lunga tanpa ana kang dijujug. Barêng kira-kira saêjam suwene anggone lumaku, kabênêran kêtêmu karo sawijining bulus, kang lagi dhedhe. Kêthèk, barêng wêruh si bulus dhewe ana ing dalan, banjur thukul pamikire mangkene: ''Ha, si bulus kuwi bêcik takênggo kanca.'' Kêthèk nuli nyêdhaki si bulus. Sawise salaman, kêthèk banjur lungguh ing sacêdhake si bulus, karo pitakon:

''Kang bulus, kakang lagi apa ana ing kene, têka ora ana kancane.''

Bulus mangsuli: ''Ora apa-apa, ya mung lagi golèk sênêng-sênêng dhewe, la kok ana kêthèk têka mrene, golèk apa?''

Kêthèk mangsuli: ''Aku ya mung lagi dolan bae, nanging uga karo golèk mitra.''

Bulus: ''Lho, apa pêrlune golèk mitra, apa kanca-kancamu kabèh mati?''

Kêthèk calathu: ''Ora mêngkono, kabèh isih urip, nanging aku êmoh mêrduli manèh karo kanca-kanca kabèh, awit kabèh ala atine, saiki yèn dhangan atimu, koe arêp dak ajak mêmitran.''

Barêng bulus krungu unine si kêthèk, banjur mangsuli mangkene: ''Ya bêcik yèn kowe gêlêm, sabab aku iki uga dhewe ana ing donya, lan manèh aku cocog bangêt karo kowe, aku muji, supaya kowe lan aku rukun sarta supêkêt anggone padha mêmitran.''

Barêng wis padha janji, ora antara suwe si kêthèk takon karo si bulus: ''Kang bulus, mbok iya aku wènèhana panganan sêthithik, awit wêtêngku ngêlih bangêt, nganti kêmruwuk unine.''

Bulus calathu: ''Aku ora duwe panganan apa-apa.''

Kêthèk: ''Yèn mêngkono ayo padha golèk pangan!''

Bulus: ''Iya bêcik.''

Kêthèk lan bulus nuli padha lumaku. Ora antara suwe bulus calathu manèh: ''Dhi kêthèk, aja kêrikatên anggonmu lumaku, awit aku tansah kari.''

Kêthèk: ''Iya bêcik, mêgko aku tak mlaku rada rindhik.''

Kandhane si kêthèk karo pringas-pringis, nanging ora kawêruhan solahe dening si bulus.

Barêng anggone padha lumaku wis sawatara suwe, karo-karone têkan ing têgalan ing satêngahing alas. Têgalan mau ditanduri jagung lan ing têngah kêbon jagung ana omahe, ing sakubênge ditanduri gêdhang. Salah sawijine wit gêdhang, wohe wis matêng. Barêng kêthèk wêruh tundhunan gêdhang matêng, banjur kêmocor idune. Sawise didêlok ora ana wong ing jêro omah iku, kang anjaga kêbone, si kêthèk nuli mènèk wit gêdhang iku, nyolong têlung lirang, nuli dipangan barêng-barêng karo si bulus.

Ana candhake MANUK ÊMPRIT LAN BÈTHÈT

Ing sawijining dina ana manuk êmprit arêp mênyang tanah sabrang golèk pari. Dhèwèke mampir mênyang panggonane bèthèt. Barêng wis têkan, dhèwèke banjur calathu: ''Thèt-thèt, ayo padha golèk pari mênyang tanah sabrang, mêsthi olèh akèh.''

Bèthèt mangsuli: ''Aku êmoh kok prit, sabab kene ya wis akèh pari.'' Si êmprit banjur pamitan lan lunga dhewe.

Barêng êmprit wis entuk pari akèh, dhèwèke banjur bali, lan mampir manèh mênyang panggonane bèthèt. Bèthèt njaluk parine êmprit, nanging ora diwènèhi. Bèthèt nêsu bangêt. Êmprit banjur diuntir gulune, nganti mingêr, têlihe ana ndhuwur. Êmprit banjur nyêkêl pikulane lan dipênthungake, kêna cucuke bèthèt nganti mlêngkung.

Mulane êmprit iku nganti saiki, têlihe ana ndhuwur lan bèthèt cucuke mlêngkung mêngisar.mêngisor.

Sanjoto, Gondangdia Batavia-C. JAKSA KANG PINTÊR NGRAMPUNGI PÊRKARA

Ana sawijining wong desa kang pinuju ndandani êmpyaking omahe. Ora antara suwe dhèwèke tiba. Tibane mau mung kêpênêr nibani wong tuwa kang lagi liwat.

Wong tuwa nuli tiba lan banjur mati. Bangêt anggumunake, dene wong kang tiba saka ngêmpyak mung bênjut bae. Anake wong tuwa mau yaiku kang lagi ngêtutake bapakne, lapur mênyang kapolisèn. Wong loro wis padha ana ngarêpaning pradata, lan nyaritakake apa prêlune. Jaksane kandha yèn wong desa mau ora luput. Ananging wong kang duwe bapa mati ora trima, nuli kandha karo jaksane: ''Tiyang punika rak mêjahi bapa kula.'' Jaksa: ''Bênêr, aku mrayogakake yèn wong iku kok walês. Wong iku kokdokok ngisor panggonan patine bapakmu lan kowe enggal mènèka ing empyak uga banjur nibaa, karêbèn nibani wong iku.

Wong kang kêlah mau mikir sadhela karo mênêng. Saiki dhèwèke yèn kudu niba saka ngêmpyak, narima ngalah wae, wusana banjur lunga.

Soewarjo, Ngayogya.

--- 160 ---

SI JÊMBLUK

Ing jaman kuna ana sawijining pangarit, kang bangêt mlarate. Esuk umun-umun dhèwèke wis pangkat ngarit mênyang sawah utawa alas. Yèn wis entuk, sukête banjur diwadhahi ing kranjang, nuli diaturake mênyang kêpatihan kanggo pakan kagungandalêm titihan. Kala-kala manawa pangarite entuk luwih akèh tinimbang sabêne, banjur diêdol mênyang pasar. Pangarit iku duwe anak lanang siji, ananging bocah mau cacad, yaiku sabab saka mêmangan pangan kang ora bêcik, andadèkake wêtênge banjur gêdhe. Sirah lan sikile cilik, nanging wêtênge njêmbluk, babar pisan ora timbang karo sirah lan sikile, mulane banjur dijênêngake si Jêmbluk.

Si Jêmbluk iku sênêng bangêt masang wuwu, ananging ora ana ing kali gêdhe, awit wêdi kêlêlêp. Wanine mung ana ing pacêrèn ing pêkarangane bapakne, manawa êntas udan, utawa ing pacêrèn cêdhak sumur. Wis mêsthi bae ora tau entuk apa-apa.

Ananging sawijining dina, nuju udan dêrês bangêt, kaya diêsokake, ing pêkarangane pêngarit mau, banyune jêrone nganti mèh sadhêngkul. Barêng wis asat, si Jêmbluk enggal-enggal niliki wuwune. Bangêt andadèkake gumune, barêng wêruh, manawa ing sajroning wuwu ana iwake sidhat cilik.

Si Jêmbluk bungah bangêt lan sabên dina dolane karo sidhat cilik mau. Bapakne ora sênêng ngrasakake anake lanang saiki ora tau gêlêm nyambutgawe, kajaba mung dolanan karo sidhat bae. Pêngarit nuli calathu marang anake lanang: ''Jêmbluk, bêcike kowe milua ngarit aku, tinimbang kaya ngono kuwi dolanan karo sidhat.''

Si Jêmbluk dhasar bocah manutan, esuke milu ngarit karo bapakne. Sadurunge pangkat, sidhate didokok ing bathok, diisèni banyu, nuli dititipake mênyang êmbahne wedok. Sasuwene si Jêmbluk ngarit, dumadakan sidhate dithothol pitik.

Sorene, barêng Jêmbluk têka ngomah enggal nakokake sidhate. Êmbahne wedok iya walèh, yèn dithothol pitik, si Jêmbluk barêng krungu bangêt nêsune. Sawêngi ora gêlêm turu, tansah muring-muring bae. Êmbahne arêp mènèhi iwak liya, nanging Jêmbluk ora gêlêm. Calathune: ''Saiki pitik, kang nothol sidhatku, dakjaluk saiki uga.''

Wêkasane êmbahne kudu nuruti panjaluke putune, pitik dadi duwèke si Jêmbluk minangka lirune sidhat. Yèn Jêmbluk pinuju ora milu ngarit karo bapakne, ya banjur dolanan karo pitike.

Anuju sawijining dina dhèwèke kudu milu bapakne manèh. Pitik katitipake mênyang wong wadon, kang pinuju lagi nutu. Rèhne pitik mau arêp nothol bêras ing lêsung, nanging duamadakandumadakan. êdhase kênèng alu, sanalika iku uga pitik tumêka ing pati. Barêng Jêmbluk bali mulih, durung mangan lan durung ngaso, sing ditakokake ora liya mung pitike bae.

Wong wadon juru natu calathu: ''Bangêt cuwaning atiku, dene pitikmu mau kêtotog alu banjur mati. Kowikowe. mêsthine ya gêla bangêt, nanging kapriye manèh, awit ora dakjarag.''

Si Jêmbluk nuli nangis karo calathu: ''Saiki, pitikku kudu koklironi, ayo, ora pêrduli!''

Wong wadon mangsuli: ''Iya wis, bêcike, pira rêgane pitik mau mêngko dakwènèhi dhuwite.'' Nanging si Jêmbluk ora gêlêm dilironi dhuwit. Dhèwèke ora gêlêm apa-apa, kêjabane alu, awit iku kang anjalari patine pitike. Dhisike wong wadon juru nutu ora gêlêm mènèhake alune, nanging sabab tanpa lèrèn anggone ngarih-arih, wêkasane banjur calathu mangkene: ''Ya wis nya iki alune pèkên.'' Saiki Jêmbluk anggone dolanan karo alu.

Anuju sawijining dina Jêmbluk milu bapakne manèh nêdya ngarit. Alu dititipake mênyang bocah angon kêbo. Alu disèlèhake ing pêkarangan dening bocah angon mau, dumadakan kêpidak kêbo nuli putung. Barêng Jêmbluk sorene bali ngomah bocah calathu:

''Jêmbluk, aja pisan dadi atimu ya, alumu putung kêpidak kêbo, nanging mêngko daklironane alu anyar, kang luwih apik tinimbang karo alumu kang wus putung.''

Si Jêmbluk ora gêlêm, calathune: ''Aku njaluk kêmbomu, kang midak aluku.''

Bocah angon mangsuli: ''Yèn kêbo iki dakwènèkake marang kowe, bapakku mêsthi nêsu bangêt. Ach, aku ora bisa nuruti panjalukmu.''

Jêmbluk nuli marani kang duwe kêbo sarta nuli nêmbung njaluk kêbone minangka lirune alune kang putung mau. Sing duwe kêbo mung anggêguyu si Jêmbluk bae, naningnanging. Jêmbluk banjur sowan mênyang pangadilan: ing kono katêtêpake, manawa si Jêmbluk wajib anduwèni kêbo mau.

Ana candhake

DOLANAN

3 5 3 4 2 1 1 1 1 4 1 4 6 5

Gèk asuku isih cilik. Abêcik sinawang

3 4 4 4 4 3 5 3 1 2 4 3 2 1

Saiki tansah jugug. Agalak anyokot

1 2 2 2 2 3 3 3

Hung, hung, hung, hung hung, hung, hung, hung

1 4 1 4 6 5

Agalak anyokot

3 4 4 4 4 3 5 3

Saiki tansah jugug

1 2 4 3 2 1

Agalak anyokot

Moeh. Soegih, Pati.

--- [1281] ---

Ôngka 82, Rê Lê, 8 Ruwah Ehe 1868, 13 Oktobêr 1937 taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Aprikah - Têdhak Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Ngayogyakarta tuwin Salajêngipun - Pêpanggihanipun Sang Hitler kalihan Mussolini - Piwulangipun Rêsi Durna dhatêng Para Siswanipun ing Bab Ulah Anjêmparing - Bab Patukangan Kajêng ing Dhusun Serenan (Surakarta) - Pamrayogi Utawi Pitêdah Sawatawis Tumrap Tiyang Wawrat - Bikakan Padamelan ing Koninklijke Marine - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Aprikah

[Grafik]

Tanah Aprikah misuwuripun satunggiling pasitèn padhas curi, nanginanging. sajatosipun siti pangawak êmas. Ingkang kacêtha ing gambar punika kitha Kaapstad, ing ngriku katingal arjaning nagari, ugi katingal sungiling pasitènipun.

--- 1282 ---

Têdhak Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Ngayogyakarta, tuwin Salajêngipun.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, ing bab rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Ngayogyakarta, ing ngriku kawontênakên pahargyan agêng-agêngan. Kajawi punika, wontênipun ing Ngayogyakarta wau, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tuwin kangjêng nyonyah, ugi kaparêng rawuh ing papan panggenan ingkang prêlu dipun uningani.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têtabikan kalihan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan wontên ing gupêrnuran.

Kala rawuh ing Ngayogyakarta, Kangjêng Nyonyah Tjarda van Starkenborgh Stachouwer ugi kaparêng rawuh dhatêng papan panggenanipun lare-lare ingkang angsal cadhong têdha saking Asib. Ing ngriku katingal tindaking pangagêng anguningani wontêning lare-lare ingkang sami kêsrakat, tuwin nguningani gênging dayanipun Asib. Tindak makatên punika tamtu dados pangèngêt-èngêt ingkang botên badhe kasupèn.

Ing dintênipun Sênèn tanggal 27 Sèptèmbêr, wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bidhal dhatêng Magêlang nitih Oto. Sadumuginipun Salam, watêsipun Ngayogya kalihan Kêdhu kèndêl lênggah wontên ing pandhapi kawêdanan. Dr. M. Neumann van Padang amratelakakên ing bab kawontênanipun rêdi Marapi. Ingkang bupati ing Magêlang ngandharakên ing bab dhusun sawatawis.

Jam 10 lajêng dhatêng Munthilan, rawuh ing Xaverius-College. Jam 12 lajêng dhatêng Magêlang. Wontên [Wontê...]

--- 1283 ---

[...n] ing Magêlang kathah ingkang dipun priksani, kados ta gêdhong gêmintê, Mosvia, pabrik sata Kokwat I, gêdhong Oranje Nassau, gadhahanipun Pa van der Steur tuwin sanès-sanèsipun.

Tanggal 29 Sèptèmbêr bidhal dhatêng Banyumas, langkung parêdèn Diyèng, mriksani kawontênanipun ing margi-margi. Jam 6 sontên dumugi Banyumas.

Tanggal 30 Sèptèmbêr wanci enjing bidhal dhatêng Cilacap, nitih baita motor dhatêng Nusakambangan, rawuh ing Prêmisan, Guwa Ratu lan sanès-sanèsipun, salajêngipun têrus dhatêng Kali Pucang nitih kapal Sukapura. Kali Pucang punika watêsipun propènsi Jawi Têngah kalihan Jawi Kilèn.

Wanci jam 2 siyang dhahar wontên ing pasanggrahan Pangandharan. Wanci sontên anglajêngakên lampah dhatêng Bandhung. Wontên ing ngriku sampun dipun sadhiyani sêpur mirunggan dhatêng Bandhung. Dhahar wontên ing sêpur.

Tanggal 1 Oktobêr mariksani kawontênan ing Bandhung, ingkang dipun rawuhi: Indisch Bronbeek, Artillerie constructie-winkel tuwin pabrik mimis.

[Grafik]

Kangjêng Nyonyah Tjarda van Starkenborgh Stachouwer rawuh ing papan pambage têdha dhatêng lare-lare, ingkang katindakakên dening Asib.

Dene kangjêng nyonyah rawuh dhatêng Asib-consultatie-bureau, griya sakit Imanuel-Roemer-Visscher-tehuis tuwin papan panggenan anggosok sela bangsaning mripat sêsupe, tuwin sanès-sanèsipun.

Tanggal 2 bidhal saking Bandhung dhatêng Bogor.

--- [1284] ---

Pêpanggihanipun Sang Hitler kalihan Sang Mussolini.

Ing wêkdal punika sêrat-sêrat kabar ing saindênging jagad sami ngêwrat pawartos ing bab anggènipun Sang Mussolini maratamu dhatêng Jêrman, pêpanggihan kalihan Sang Hitler. Ing bab pêpanggihanipun pra muka kalih wau andadosakên wiraosan tuwin anggagapi punapa mênggah kawigatosanipun. Saya malih tumraping nagari ingkang rumaos gêgayutan kalihan Itali tuwin Jêrman, lajêng saya lêbêt panggagasipun. Wontên wartos ingkang nyariyosakên, bilih anggènipun pêpanggihan punika, wosipun prêlu saya nyupêkêtakên anggènipun mêmitran. Nanging bab punika namung nuwuhakên pamaibêning ngakathah.

[Grafik]

Nalika pêpanggihanipun pramuka kêkalih.

Pangintêning ngakathah, anggèning Itali gêgandhengan kalihan Jêrman punika tamtu botên beda kalihan supêkêtanipun nagari têtiga: Jêrman, Ostênrik tuwin Honggari, inggih punika ing sadèrèngipun pêrang donya. Nagari tiga wau sami iyêg sabaya pêjah. Nanging supêkêtanipun Itali kalihan Jêrman ing sapunika, botên kados makatên, awit nagari kêkalih wau tindakipun êblak-êblakan, malah nêdya tumindak ing damêl sêsarêngan kalihan nagari sanès-sanèsipun, têbih dhatêng ingkang nama tindak cidra.

Nanging manawi dipun manah, kasujananing liyan punika pancèn botên sagêd lajêng badhe ical babarpisan, awit sanadyan êblak-êblakana pisan, tamtu wontên kajêngipun ingkang winados. Ingkang makatên punika lajêng saya nuwuhakên muntabing golongan [golong...]

--- [1285] ---

[...an] ingkang botên rêmên dhatêng nagari kalih wau, malah lajêng nacak, wontên tiyang numpak sêpur dipun cêpêng, amargi kadakwa gadhah golongan ingkang nêdya nêmpuh sang Mussolini samôngsa wangsul saking Jêrman dhatêng Itali. Tiyang ingkang kacêpêng wau kalih, sami bôngsa Prancis. Ing ngriku lajêng nuwuhakên panggrayang, bilih tindak punika saking pokalipun Prancis. Nanging bab punika ugi dèrèng kenging dipun ugêmi yêktos, awit namung tuwuh saking pangintên, ingkang nalar-nalaripun ragi gathuk.

Manawi angèngêti ombyaking ngakathah anggèning Jêrman sakalangkung mahargya dhatêng kala rawuhipun Sang Mussolini dhatêng Jêrman, punika sakalangkung ngedap-edapi. Ing ngriku mawi pahargyan barisaning wadya Jêrman, suwaraning tiyang ewon sêsarêngan sami ngucap kasugênganipun Sang Mussolini, rambah-rambah ngantos gangsal mênit. Cacahing tiyang ingkang sami dhatêng ing papan ingkang dipun rawuhi pra muka wau ngantos tigang yuta.

Tumrap ingkang lêbêt ing panggagas, panggagapipun lajêng wontên kemawon, mastani manawi Jêrman ing kala punika niyat ngatingalakên kasantosanipun. Saya manawi miturut sumêbaring wartos ingkang lumantar radhiyo, kawontênan ing kala punika dipun mirêngakên ing têtiyang Jêrman tuwin Itali 100 yuta, ingkang raos damêl agênging manah.

Miturut wêdhar sabdanipun Sang Hitler nalika wontên ing papan pêpanggihan, mratelakakên, bilih kajênging ngawontênakên barisan wadya bala punika, kangge anggambarakên pangajêng-ajênging manah dhatêng rukunipun nagari-nagari sanès, awit sajatosipun tuwuhing kamardikan tuwin karukunan punika kêdah mawi dhêdhasar kasantosan. Sarèhning pangajêng-ajêng punika nyarambahi, dados karukunaning nagari kalih punika ugi dados kawigatosanipun nagari-nagari sa-Eropah.

Wêdhar sabdanipun Sang Hitler punika dipun sambêti dening Sang Mussolini, bilih kajênging supêkêtan punika botên ngangkah murih Eropah saya botên kantên-kantênan, salugunipun namung ngangkah rukun tuwin ngangkah sêsarêngan nyambutdamêl ingkang lèrèg dhatêng katêntrêman.

Manawi angèngêti lêlampahan ingkang sampun, Jêrman punika anjarêm sangêt kalihan Itali, inggih punika ing kala jaman pêpêrangan donya. Kala samantên Jêrman kalihan Itali supêkêtan dados kancuh, nanging kawusananipun Jêrman dipun tilar, saha Itali wau lajêng anggolong tumut dhatêng nagari ingkang dados mêngsahipun Jêrman. Môngka tindakipun Itali wau ingkang anjalari kasoranipun Jêrman, mila botên anèh saupami Jêrman anjarêmipun ing manah botên ical-ical.

Ing sapunika tumrap Ostênrik, nagari punika pancèn tansah dipun ajêngakên dening Jêrman supados sagêd nunggil, awit Ostênrik punika kathah bangsanipun Jêrman, dados saupami sagêd nunggil, atêgês amêwahi kasantosanipun Jêrman. Nanging tumrapipun Itali angosokwangsul, manawi Ostênrik saèstu sagêd nunggil kalihan Jêrman, namung sarwa damêl kasamaranipun Itali. Sarêng sapunika Itali pinanggih mêmitran kalihan Jêrman, tamtunipun babagan Ostênrik punika ugi tansah kasampe ing rêmbag, tuwin saupami kalampahan sagêd nunggil, wah, lajêng nama jangêt kinatêlon. Namung nyatanipun, Ostênrik punika têbih sagêdipun kenging dipun gambêlokakên dhatêng Jêrman, amargi têtiyangipun ing ngriku taksih rêmên ngêdêgakên kamardikanipun piyambak.

--- 1286 ---

Piwulangipun Rêsi Durna Dhatêng Para Siswanipun Ing Bab Ulah Anjêmparing.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Sadaya sami ngangkah sagêdipun mencok, ananging sabên kalanipun nyipat, sarêng dipun pitakèni dening sang rêsi, wangsulanipun sami kemawon, botên prabeda kados pakartinipun ingkang raka Sang Duryudana.

[Grafik]

Sang Duryudana

Sarêng Korawa sampun kêmput anggènipun sami ngêcaki sinau, sapunika lajêng gêntos kadang Pandhawa. Ingkang ingandikakakên ngasta jêmparing rumiyin inggih punika Sang Yudhisthira, ugi gêntos-gêntos dhatêng para arinipun tumaruntun. Mênggahing patrap tuwin wangsulanipun pitakèn ugi botên siwah kados aturipun Sang Duryudana ing ngajêng, mila sang Rêsi Durna ngantos angêndhêlong panggalihipun, rumaos bilih para siswa samantên cacahipun wau botên wontên ingkang pantês nampèni kagunanipun ingatasing bab ulah jêmparing punika. Môngka panjênênganipun sampun aprasêtya dhatêng Sang Kurupati Nata ing Ngastina, sagah anggêgulang dhatêng para putranipun supados akiripun sami dados prajurit ingkang limpad. Ciptanipun: saiba dukane sang prabu saupama olèhku anggêgulang iki tanpa tônja.

Sadangunipun sang rêsi makatên, dumadakan uninga satunggaling raja sinatriya ingkang bagus lurus amêrak-ati, inggih punika Sang Arjuna. Salêbêtipun sang rêsi anggêgulang para kadang-kadangipun wau, Radèn Arjuna namung ngawasakên saking katêbihan, lênggahipun kapara nisih, pramila sarêng rêsi uninga tumuntên dipun prêpêgi sarwi angandika makatên: êlo jêbul sira kècèr durung angêcaki karya ênggèr, ayo coba saiki lêkasana.

Kalampahan Radèn Arjuna miwiti amênthang gandhewa, angincêr nyipat sirahing pêpêthan garudha kasêbut nginggil, akanthi sarèh. Ing môngsa punika lajêng tinanya dening sang rêsi: saiki apa kang katon ênggèr. Ingkang tinanya matur: ingkang katingal namung sirahing pêksi pêpêthan punika. Wondene mandera, suwiwi, badan punapadene para kadang [ka...]

--- 1287 ---

[...dang] kula sadaya botên wontên ingkang katingal ing netra.

Lah sapintên bingahing panggalihipun sang rêsi sarêng pandangunipun pikantuk wangsulan anglêgakakên ingkang kados makatên wau, bêbasan amarwata suta, sanalika lajêng pinarpêkan ingusuk-usuk sarta dipun arasi. Wasana lajêng angandika makatên: sira bakal ingsun dadèkake têtungguling prajurit sajagad ingatasing asikêp jêmparing. Mara saiki jêmparingira lêpasna ênggèr.... Yêktos sarêng jêmparing lumarap angengingi siraging pêksi pêpêthan, rêntah mak glethak. Mênggah caraning tiyang abên-abên jêmparingan mawi totohan makatên, kadugi surakipun tukang nucuki ambata rêbah, kabêkta saking bingahipun....

Nuwun, dumugi samantên kemawon anggèn kula reka-reka ambêsut pêthikan cariyos Mahabarata punika, mugi tinêbihna ing tulah sarik, bokbilih wontên kirang langkungipun, ing pangangkah namung kenginga kadamêl pêpiridaning pangothak-athik, inggih punika angothak-athikipun dhatêng pamanahan utawi cipta, katranganipun makatên:

Jêmparing, ing ngriki kula têgêsi: panah = panah, lajêng kula jarwa dhosok: êmpaning manah.

Tiyang punika manawi pinuju amêmanah dhatêng salah satunggaling bab, bokmanawi langkung landhêp, samôngsa botên amanah prakawis sanès-sanèsipun, dados botên kuwur utawi kisruh.

Kadosdene patrapipun Sang Duryudana anggènipun anjêmparing kasêbut ngajêng, punika mathuk yèn ta kangge nyanepakakên êmpaning manah kuwur utawi kisruh wau. Kosokwangsulipun patrapipun Sang Arjuna dados ngibarating manah wêning, rêsik, botên kawoworan, bokmanawi inggih mathuk yèn ta kangge ngibaratakên êmpaning manah: suci. Upami wujuda gêgaman makatên dayanipun sakalangkung cêsplêng, bokmanawi dayanipun cipta inggih samantên ugi, amila ing bab punika sèlèhipun ing raos nyumanggakakên ingkang karsa amêrdèni.

Ôngka kalihipun, sanadyan aluraning cariyos ingkang kaandhar nginggil wau katingal nyêbal saking mêsthi, cara padhalanganipun angangge dora sêmbada, nanging bab pratikêlipun Sang Rêsi Durna anggènipun anggêgulang kalimpadan dhatêng para siswanipun, punika ugi kenging kangge pêpiridan ingatasing guru dhatêng murid, utawi juru panggulawênthah dhatêng para siswanipun, mêndhêt saking bab anggèning talatos mawi dipun bandhani prihatos, inggih punika samôngsa wontên siswanipun ingkang bodho, lajêng ngupados wêwêngan. Makatên ugi kosokwangsulipun, murid kêdah angaosi dhatêng rêkaosing guru, kêdah ngrêtos ing sasmitaning guru.

Ewadene manawi dipun othak-athik dhatêng larah-larahing raos jawi, mênggahing pandugi mêksa inggih mathuk kemawon, gumantung wontên ingkang nyuraos. Pramila mênggahing kula inggih môngsa borong ing panampi, sarusikuning ukara anyênyadhang samodra pangaksami.

Nirrasa.

Tumpang, Malang.

--- 1288 ---

Kagunan Jawi

Bab Patukangan Kajêng ing Dhusun Serenan (Surakarta).

Dening Dhang Hyang: Sabaya.

Serenan, punika namaning satunggaling dhusun ing nagari dalêm Surakarta, kalêbêt wêwêngkon kabupatèn ing Klathèn, kadhistrikan Dêlanggu, ondêr dhistrik Juwiring, kalurahanipun dhusun ugi nama Serenan. Tumrap sajawining bawah dalêm Surakarta, dhusun Serenan wau babarpisan botên wontên pawartosipun punapa-punapa ingkang sagêd sumêbar, sanadyan ing salêbêting bawah dalêm Surakarta pisan prasasat tanpa wontên dêdongenanipun, amila inggih botên anggumunakên upami wontên tiyang botên mangrêtos papan prênahipun dhusun wau, langkung-langkung bab dêdongenganipun. Anamung wiwit tumapakipun taun 1935 dumugi samangke sajakipun badhe katingal sumêbar wahyuning dhusun wau. Ing môngka manawi miturut dêdongengan tuwin kawontênan sarta kawujudanipun samangke, têtela dhusun Serenan punika satunggiling dhusun ingkang sampun sêpuh umuripun, makatên malih satunggiling dhusun ingkang kanggenan satunggaling kagunan jawi dêlês ingkang ugi kalêbêt bakuning kagunan. Mênggah kawontênan tuwin kawujudanipun dhusun Serenan samangke, ingkang kula sagêd anyumêrêpi sarta nyipati piyambak, sagêd angaturakên sawatawis.

Kalurahan dhusun Serenan punika ambawahakên dhusun ingkang kathahipun namung gangsal, dhusun gangsal iji punika gandhèng (gamblok) dados satunggal, pamanggènipun wontên pinggir banawi Sala, cacah jiwanipun antawis kalih ewonan. Cacah jiwa samantên wau ingkang kalêbêt jiwa tiyang èstri, lare jalêr èstri kirang langkung sèwu kalih atusan, ingkang wolung atus jiwa jalêr ingkang wiwit umur kalih wêlasan taun manginggil. Jiwa wolung atusan wau, naracak sami sagêd anukang kajêng (undhagi) utawi bakuning panggêsangan tiyang sabawah kalurahan Serenan pancèn dados tukang kajêng sadaya, amila tumraping têtanèn kasingkur sangêt, dados sanadyan manggaota punapa kemawon, upami bikak toko, warungan, kuwadeyan sasaminipun, ewadene botên kasupèn dhatêng patukangan kajêng, makatên malih tiyang ing bawah kalurahan Serenan ngriku, sok ugi jiwa jalêr, sawêg ngumur sadasa taunan kemawon, kenging katamtokakên sampun prigêl nyêpêng tatah utawi pêthèl, manawi wontên ingkang botên sagêd anukang kajêng, punika mêsthi tiyang lanjon tuwin sanès bakuning tiyang Serenan. Cacahipun inggih botên jangkêp sadasa tiyang, nadyan sanès bakuning tiyang Serenan, nanging manawi pamanggènipun sampun langkung sataun, inggih sampun dilalah tamtu boten ketang grathul-grathul mêsthi lajêng katuwuhan sagêd nyêpêng graji. Kula piyambak ingkang pondhokan kula antawis kalih pal têbihipun dumugi Serenan, rèhning kêrêp sangêt sarawungan [sarawung...]

--- 1289 ---

[...an] kalihan para sadhèrèk ing Serenan, inggih lajêng ragi sagêd anyêpêng gandhèn.

Ambokmanawi botên prêlu kula aturakên, ing pangintên para maos sampun sagêd manggalih piyambak bilih patukangan kajêng punika satunggiling kagunan jawi ingkang kalêbêt onjo sarta baku. Tumprap para tiyang ing Serenan anggèning sami gadhah kasagêdan anukang, babarpisan botên mawi pasinaon cara jaman samangke, ananging sampun têtela pinasthi punapa kodratipun, manawi tiyang ing Serenan mêsthi anggadhahi kasagêdan anukang kajêng. Mênggah alusing garapan, pènining kawujudan, rikating panggarap, kiyating anggènipun, botên sagêd kawon kalihan lare wêdalan pamulangan patukangan, langkung-langkung ing bab ukir-ukiran, ing sasumêrêp kula dèrèng wontên ingkang sagêd anyamèni. Namung ing bab rêrêgèn taksih awis.

[Iklan]

Miturut dêdongenganipun Radèn Dêmang Hartasuwarna, dhusun ing Serenan, kajawi dados lurahipun dhusun ing ngriku, inggih têdhak turunipun ingkang cikal bakal dhusun wau, dados langkung gambêlang sarta pratitis sangêt andhorèngakên. Wiwit panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Mangkubumi (ingkang jumênêng Sultan Amangkubumi ingkang sapisan ing nagari Ngayogyakarta) mêdal ngraman, dhusun Serenan wau sampun nate dipun agêm andhêlik panjênêngan dalêm kangjêng gusti. Pandhêlikipun sagêd wilujêng saking pitulunganipun sêsêpuhipun dhusun Serenan.

Badhe kasambêtan.

--- 1290 ---

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang èstri ingkang wawrat

Tiyang èstri ingkang sampun mangrêtos (ontwikkeld) limrahipun samôngsa wawrat saya anjagi gêsangipun wiwit wawrat ngantos dumugi nglairakên jabang bayi. Mila prêlu sangêt tiyang èstri punika kêdah sumêrêp utawi ngraos piyambak yèn awakipun ngandhêg utawi wiwit wawrat wau, awit yèn sampun mangrêtos wawrat saèstu, tiyang èstri wau lajêng sagêd anjagi gêsangipun, sarana pitêdah ing sanak-sanak sadhèrèk tuwin tiyang sêpuhipun utawi manut pitêdahipun dhoktêr.

Mênggah ingkang adhakan utawi ingkang limrah, tiyang èstri sagêdipun sumêrêp badhe wawrat punika saking anggènipun anggarapsari kèndêl botên mêdal lajêng kraos ênêg, kêdah nuntak utawi nuntak-nuntak, susu kalih pisan kraos kêncêng amêthênthêng, utawi abuh sawatawis, trêkadhang badan lêmês, sirah ngêlu utawi mumêt, kapengin nêdha ingkang kêcut utawi sêgêr-sêgêr, binasakakên: ngidham kaworan.

Ananging ingkang makatên punika inggih botên mêsthi, trêkadhang ingkang badhe wawrat botên kraos punapa-punapa, botên ênêg inggih botên kêdah nuntak, anggarapsarinipun sampun lami antawis 1/2 utawi sataun trêkadhang langkung botên mêdal (kèndêl) kosokwangsulipun ingkang wawrat kraos mumêt sangêt asring lês-lêsan lan kêdah tilêm, utawi botên sagêd tilêm.

Limrahipun tiyang èstri yèn badhe wawrat punika pancèn inggih kèndêl anggènipun anggarapsari lan sanèsipun kados ingkang kasêbut ing nginggil, ing wêkdal punika limrahipun inggih botên prêlu andhatêngakên dhoktêr utawi dhukun bayi (Vroedvrouw). Sanajan makatên tiyang èstri ingkang botên anggarapsari wau kêdah èngêt, wêkdal kèndêlipun anggarapsari wau, tanggal pintên, wulanipun punapa, lajêng kenging dipun etang, benjing punapa anggènipun andhatêngakên juru ngupakara tiyang sakit (Verpleegster) utawi dhukun bayi. Manawi sagêd lêrês utawi sagêd sumêrêp saèstu wêdal kèndêlipun anggarapsari wau, inggih lajêng sagêd ngintên-intên, lairipun bayi wontên ing dintên utawi ing tanggal ingkang botên lêt têbih saking dintên ingkang sampun dipun têmtokakên badhe lairipun bayi wau.

Dhoktêr ingkang sampun ahli, pangetangipun makatên: upami tiyang èstri anggènipun kèndêl anggarapsari ing tanggal 1 Januari, dipun etang tigang wulan mundur, dados dhawah 1 Oktobêr, dipun wêwahi 7 dintên, dados kirang langkung lairipun bayi wontên ing dintên tanggal 8 Oktobêr.

Tiyang èstri ingkang kèndêl anggarapsari lajêng ngandhêg (wawrat) wau, wiji jalêr gathuk kalihan wiji èstri (eicel), ing wêkdal anggarapsari ingkang kantun piyambak, wêdalipun eicel, lajêng kèndêl [kè...]

--- 1291 ---

[...ndêl] anggènipun anggarapsari.

[Iklan]

Ananging kathah kemawon kêmpalipun wiji jalêr kalihan eicel antawisipun dangu, dintênan utawi minggon, sasampunipun kèndêl anggarapsari, awit eicel gêsangipun ing nglêbêt pawèstrèn pancèn sagêd dangu ngantos minggon.

Kajawi makatên satunggal-tunggalipun tiyang èstri botên sami lamining anggènipun wawrat.

Èstri ingkang botên têtêp anggènipun anggarapsari, kula kadhang-kadhang inggih mrangguli saha mriksa. Tiyang èstri ingkang 1/2 dumugi sataun utasiutawi. langkung botên anggarapsari wau, botên ewah kasarasaning badanipun, sarta kangelan sagêdipun nyumêrêpi lamining anggènipun wiwit ngandhêg badhe wawrat utawi sanèsipun. Mila tiyang èstri wau kêdah tansah mulat utawi ngraosakên kawontênaning wêtêngipun tuwin inggih prêlu kêdah nyuwun kapriksa ing dhoktêr.

Prêlu tiyang èstri punika kêdah sumêrêp punapa ngandhêg saèstu utawi botên.

Upami èstu wawrat, lajêng sagêd anjagi sampun ngantos sagêd rêntah, langkung-langkung ingkang pancèn sampun nate ngrêntahakên (kluron).

Yèn saèstu wawrat, upami sumèlèhipun pranakan (baarmoeder) kirang prayogi utawi kirang lêrês, sagêd tumuntên dipun lêrêsakên dening dhoktêr utawi dhukun bayi (Vroedvrouw) awit yèn sampun ragi agêng kangelan anggènipun anglêrêsakên.

Manawi tiyang ingkang wawrat tansah kêdah sêne, punika nandhakakên pranakanipun kirang sae sumèlèhipun, nanging jalaran saking bayi ingkang sampun agêng sagêd polah utawi ebah andhêsêk dhatêng blaas (wadhah sêne) biyungipun lajêng kêdah sêne, inggih wontên.

Kathah tiyang èstri ingkang gadhah pamanggih pangetanging umuripun bayi ingkang wontên ing nglêbêt wêtêng (pranakan), pathokanipun sasampunipun bayi ebah punika sampun satêngah umur (5 wulan). Pamanggih makatên punika pancèn inggih botên kalintu, awit bayi ingkang sampun ebah punika nelakakên bayinipun sumèlèh ing pranakan, dados kraos dening tiyang èstri ingkang wawrat piyambak. Ananging asring sagêd ugi kalintu, amargi tiyang èstri wau asring botên sagêd ambedakakên ebahipun usus utawi ebahipun bayi, mila pangetangipun asring botên cocog, sagêd kirang utawi langkung ngantos minggon utawi wulanan.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts Sêmarang.

--- [1292] ---

[Iklan]

--- 1293 ---

[Iklan]

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Lampah Layaran Rupêlin. Wiwit tanggal 1 wulan punika Parindra ing Bêtawi sampun ambikak pang Rupêlin ingkang ngangge baita Bugis. Lampah wau kaangkah 1 Bêtawi-Palembang-Bangka-Billiton-Singapura wongsal-wangsul. 2 Bêtawi-Oosthaven-Krue (Bêngkulên) wongsal-wangsul. 3 Bêtawi-Têgal-Pêkalongan-Sêmarang-Surabaya-Banjarmasin-Makasar wongsal-wangsul.

Tiyang saras saking sakit lumpuh, jalaran kagèt. Ing dhusun Babakan, Tangêran wontên lare sakit lumpuh. Satunggiling dintên lare wau wontên ing masjid, nuju jawah, nanging kapurih kesah dening kaji ingkang gadhah mêsjid, sarèhning lare wau botên sagêd mlampah, dados nêdha tulung dhatêng tiyang ingkang wontên ingriku, nanging botên wontên tiyang ingkang purun nulungi, malah têtiyang ingriku ugi tumut ngoyak-oyak. Lare wau kêpêksa kesah kanthi rêkaos, tuwin jalaran saking kala punika nuju wontên blêdhèg nyambêr-nyambêr, saking ajrihing lare, lajêng dhawah ngantos botên èngêt, nanging lare wau sarêng èngêt lajêng sagêd lumampah rikat, botên kados tiyang sakit. Jalaran saking anèhipun wau lajêng badhe dados papriksaning dhoktêr, punapa sababipun dene lajêng sagêd saras kados makatên.

Têtiyang ingkang sakit ing kapal Tokei Maru. Tiyang 2 ingkang kêtaton ing kapal Tokei Maru, lajêng kabêkta dhatêng griya sakit Billiton Mij., tiyang ingkang satunggal nandhang tatu ing bathuk sirah jalaran kêsrèmpèt mimis, satunggalipun kêtaton ing pupu. Ingkang kêtaton ing pupu wau sampun saras. Dene ingkang tatu sirahipun, taksih dipun upakara kanthi kagambar Rontgen.

Majênging sata Virginia. Jalaran saking mêjêngingmajênging. sata Virginia. Parentah ngutus Ir. J. van der Plug saking Departement Economische Zaken mriksa babagan punika dhatêng Jawi Wetan. Pinanggihing papriksan, tumrap British American Tobaco Co ingkang gadhah pabrik sigarèt ing Cirêbon tuwin Surabaya, punika kalêbêt pabrik ingkang agêng piyambak. Wiwit kala ing taun 1928 sampun nindakakên cobèn-cobèn nanêm sata Virginia wontên ing bawah Bojonêgoro cacah 5000 bau, pinanggihipun sagêd tumindak sae. Ing sapunika sata Virginia wau dipun bêtahakên dening pabrik-pabrik sigarèt kathah. Ing bab punika anjalari ing Bojonêgoro kathah tiyang nanêm sata makatên wau. Ing sapunika ing Bojonêgoro wontên tiyang kintên-kintên cacah 12.000 sami gadhah pamêdal jalaran saking sade sata wau. Utusan nagari wau sasampunipun titipriksa ing Bojonêgoro, lajêng dhatêng Bêsuki.

Dhêndhan ingkang agêng. Firma S.T.H. ing Bandung kadêngangan dening ingkang wajib, wontên kontrak ingkang botên kadekekan handelszegel. Bab punika kaanggêp salingkuh arta f 94.50 ingkang kalêbêt dados beya. Ing salajêngipun miturut karampungan, tuwan wau kadhêndha ingkang kapetang agêng piyambak, inggih punika katikêlakên 100 saking arta bakunipun wau, dados wontên f 9450.-

Tamu agêng bangsa Arab. Sayid Abdul Hamid al Chatib, satunggiling tiyang pangkat agêng ing tanah Arab, ing prajanipun Ibn Saud tuwin warga parlement Sa' udi-Arabie, maratamu dhatêng kasultanan Dèli. Dene dhatêngipun ingriku punika pêrlu badhe manggihi kulawarganipun ing Sumatra Pasisir Kilèn. Panjênênganipun punika putranipun suwargi Syèh Muhamad Chatib, bangsa Minangkabau, ingkang rabi angsal bangsa Arab.

Parêpatan Umat Islam. Nalika dintên Ngahad enjing tanggal 3 October punika, umat Islam ing Munthilan sampun damêl parêpatan manggèn ing gêdhong Nasional, para golongan Islam kathah ingkang sami ngintunakên wakil. Karampunganing parêpatan, andamêl motie ingkang wosipun botên anocogi dhatêng Ordonnantie salakirabi. Dene ingkang mêdharsabda I. K.H. Gozali, saking Surakarta. II. K.H. Amir, saking Kutho Gêdhe. III. R. Moeftie Tjokroharsana, saking Surakarta, sadaya saking golongan Al. Islam.

Panjênênganipun tuwan E. Gobee kèndêl saking padamêlan. Wontên wartos, wiwit benjing tanggal 30 Novèmbêr, tuwintuwan. E. Gobee adviseur voor Inlandsche Zaken, badhe kèndêl saking padamêlan, kanthi angsal tarima kasih saking Parentah ing bab kacêkaping padamêlanipun. Ing salajêngipun wontên wartos, bilih panjênênganipun tuwan E. Gobee wangsul dhatêng nagari Walandi mampir Jedah. Bidhalipun wontên ing tanggal 14 December, numpak kapal kaji ingkang kantun piyambak.

Pamulangan luhur Doktêr. Lulus artexamen perangan kapisan, Tuwan Tan Eng Dhong. Têtêp dados arts, Tuwan Dadi.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen kapisan, nonah Hanny, Kho Young Nio tuwin Oei Siang Djie.

Darmawisata dhatêng Bali. Para siswa Mosvia ing Magêlang ingkang pangkat inggil piyambak, sami darmawisata dhatêng Bali, dipun tindhihi dening gurunipun. Wontênipun ing Bali badhe kathah ingkang dipun tingali, ingkang gêgayutan kaliyan babagan pangajaran. Wangsulipun wontên tanggal 14 wulan punika.

Glêpung oyod jati. Wontên wartos, R. Lêbdosastro, mantri cultuur pulisi ing Kartosura, Surakarta, sagêd manggihakên têtêdhan enggal, inggih punika pathining oyod jati. Tuwan wau sampun nate nyobi ambêbêg oyod jati, kacara kados damêl pathi, pinanggihing glêpungipun ngungkuli glêpung (pathi) garut, tuwin sêmu angganda arum.

--- 1294 ---

Kasangsaran motor mabur Specht. Miturut wartos, motor mabur Specht ingkang anggêgana saking Bandung badhe dhatêng nagari Walandi, nalika dumugi Palembang dumadakan lajêng mandhap, jalaran saking wontên motoripun satunggal ingkang botên mlampah. Ingkang numpak motor mabur wau wontên ingkang nandhang tatu rêkaos, malah wontên ingkang lajêng tilar. Kala punika lajêng wontên motor mabur pitulungan saking Bandung. Para ingkang kasangsaran lajêng angsal pitulungan saking doktêr-doktêr militèr. Padamêlaning motor mabur wau lajêng dipun gêntosi motor mabur Valk.

[Grafik]

Kasangsaran ing kapal mabur "Specht." Inginggil punika ngêwrat gambaripun Tuwan F.M. Storck gezagvoerder kapal mabur "Specht" ingkang nêmahi tiwas jalaran dhawah wontên sêtatsiyun gêgana ing Talang Bêtutu, Palembang, nalika badhe pangkat nglajêngakên lampah dhatêng nagari Walana.Walanda.

Sêrat post ingkang dipun bêkta motor mabur Specht. Pangagêng kantor post ing Batavia-Centrum tampi wartos, ing bab sêrat post ingkang dipun bêkta dening motor mabur Specht ingkang kasangsaran wontên ing Palembang, wontên kanthong alit saking Batavia-Centrum dhatêng Nijmegen wawrat 1750 gram, katut kêbêsmi. Kajawi punika wontên sêrat-sêrat ing kanthong saking Sêmarang ingkang kakintunakên dhatêng Den Haag ugi kêbêsmi.

Liburanipun pamulangan tiyang siti ing Surabaya. Miturut tatanan saking Burgermeester ing Surabaya ingkang sampun katêtêpakên wêwaton Staatsblad, liburanipun Volks-Vervolgschool tuwin Kleinhandelsschool ing wêwêngkon Gemeente Surabaya tumrap taun 1937/1938 wontên tiga, inggih punika 1 liburan agêng ing wulan Siyam, laminipun gangsal minggu, wêkasaning sinau wontên tanggal 3 Novèmbêr 1937, wiwitipun sinau wontên tanggal 9 December 1937; 2. Liburan ngajêngakên taun baru saminggu, wêkasaning sinau wontên dintên Rêbo sangajênging Paschen; 3. Dintên inggah-inggahan 14 dintên ing wulan Juli. Kajawi liburan 3 wau, ugi liburan dintên Ngahad, dintên agêng ingkang dipun mulyakakên; ingkang tumrap dintên agêng Islam, inggih punika, Garêbêg Bêsar, Asyura, Garêbêg Mulud, Mekradipun Gusti Kangjêng Nabi Muhamad, tuwin Garêbêg Siyam. Tuwin malih, tumrap murid ingkang gadhah panêdha dhatêng guru badhe anglampahi rukuning agami ugi angsal liburan.

Lampah anggêgana dhatêng Makasar supados dipun ewahi. Ing sapunika sampun kêlampahan sabên dintên Sênèn wontên motor mabur saking Surabaya dhatêng Makasar, dumuginipun Makasar jam 2.15, wangsulipun dhatêng Surabaya jam 3.15. Ing bab punika tumraping para among dagang rumaos kawratan, dening lampah wau botên sagêd nocogi kaliyan kabêtahaning para among dagang dhatêng babagan sêsêratan, mila manawi sagêd supados dipun ewahi wontên ing dintên Rêbo. Mênggah pêrlunipun sagêd anocogi kangge mangsuli sêrat-sêrat ingkang dipun tampi ing Makasar wontên ing dintên Sabtu, tuwin ingkang dipun kintunakên saking Surabaya ing dintên Kêmis, kabêkta kapal K.P.M. tuwin malih sagêd ngrikatakên pamêndhêtipun sêrat saking Mênado tuwin Ambon, awit dhatêngipun wontên ing dintên Salasa. Ing bab punika sawêg dados rêmbag kadospundi badhe sakecanipun.

Congres bab sêsakit mripat ing Mêsir. Prof. A.W. Mulock-houwer ing Bêtawi, kapiji ing parentah kautus dhatêng Mêsir, minangka wêwakilipun tanah ngriki anjênêngi congres babagan sêsakit mripat ingkang dipun wontênakên ing Mêsir. Congres wau badhe kalampahan wiwit tanggal 8 dumugi 12 December.

Kutha Gêdhe katêmpuh prahara. Sampun sawatawis dintên ing Kutha Gêdhe Ngayogya, katêmpuh ing prahara. Kathah griya ingkang sami mawut. Wit-witan ingkang agêng-agêng kathah ingkang ambruk, kawat-kawat telefoon sami pêdhot. Ing dhusun Payah wontên griya 7 sami malik katêmpuh angin. Wit-witan ingkang ambruk wontên 750.

NAGARI WALANDI

Mej. A.H. Schoutendorp tilar donya. Miturut wartos saking Den Haag, Mej. A.H. Schoutendorp, tilas directrice Juliana-Ziekenhuis ing Sêmarang tilar donya wontên ing Den Haag.

Minister babagan sajawining praja. Miturut wartos saking nagari Walandi, Dr. Patijn, sampun têtêp anggènipun jumênêng Minister babagan sajawining praja.

EUROPA

Sang Mussolini kintun wilujêng dhatêng Franco. Kawartosakên, Sang Mussolini kintun wilujêng dhatêng Jendral Franco sarana telegram, ingkang suraosipun mêmuji anggènipun Jendral Franco têtêp dados pangajênging paprentahan kabangsan ing Sêpanyol, tuwin tumuntêna rampung sagêd unggul ing pêrang. Makatên ugi Jendral Franco ugi ngaturakên gênging manah anggèning Sang Mussolini manggih suka wontên ing Jêrman.

Jumênêngipun nata ing tanah Indu. Ing bab jumênêngipun nata Inggris sinêbut nata ing tanah Indu, upacaranipun badhe katindakakên benjing wulan December taun ngajêng.

ASIA

Jêpan kuwatos dipun satru. Wontên wartos, Jêpan anggadhahi kuwatos manawi ngantos kêlampahan barang-barang Jêpan dipun êmohi wontên ing tanah Indu. Ing bab punika Jêpan tansah mulat dhatêng ebah-osikipun tanah Indu ing bab babagan punika. Miturut wartos, consul Jêpang sampun dipun dhawuhi wangsul, pêrlu badhe dipun dangu ing bab kawontênanipun nagari-nagari ingkang gadhah raos badhe ngêmohi barang-barang wêdalan Jêpan.

Tiongkok andadosakên arta. Wontên wartos, pabrik arta ing Weenen nampèni wêlingan ndamêlakên arta saking Tiongkok, awarni arta nikêl cacah 120.000.000 iji.

--- 1295 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

20

Ilya nyandhak gêlas isi bir wau kalihan tanganipun kalih, salajêngipun nêlungakên badanipun ngantos andhap dhatêng tamu têtiga wau minôngka urmat, saha lajêng ngombe biripun ngantos têlas. Sawêg kemawon piyambakipun ngombe bir wau, lajêng angraos kadosdene kêtêging manahipun saya bantêr, lan ilining rahipun ing badan sakojur saya kiyat. Tamu têtiga lajêng apitakèn.

Kêpripun rasa sampeyan sanikine.

Ilya suka urmat malih dhatêng tamu sêpuh têtiga wau, ngaturakên gênging panuwunipun, saha awicantên makatên.

Mênggahing raos kula, kadosdene kula nampi kêkiyatan ingkang tanpa upami agêngipun.

Salajêngipun tamu têtiga wau anyariyosi dhatêng Ilya kirang langkung makatên.

Nak, Ilya, sampeyan mirêngake, kula tuturi. Sampeyan niku bakale dadi prajurit sing pêng-pêngan têmênan, botên ontên tiyang sing bakal bisa ngasorake sampeyan, mulane, poma, sampeyan kudu wani nglawan kabèh mawon sing ajêng ngrusak nagarane dhewe niki, lan poma, sampeyan kudu anjagaa gamane dhewe, lan pitadosa têng kula, sampeyan niku pêrange botên nate kalah. Bakale sampeyan ajêng pêrang tandhing kalih pintên-pintên prajurit sarta satriya, sing êmpun kaloka mungguh kadibyane, nanging kabèh niku bakal bisa sampeyan kalahake. Pintên-pintên prajurit dharatan lan kapalan, sing padha pêng-pêngan, mêsthi bakal tinggal playu dening wêdine kalih gêgaman sampeyan niku. Nanging wêling kula, sampeyan ampun pisan-pisan wani mungsuh pêrang kalih satunggiling prajurit sing nama: Swatogor. Sabab niku kêkuwatane sajagad botên ontên sing madhani, lan sampeyan ênggih ampun wani-wani aprang tandhing kalih prajurit sing nama: Samson, sabab ing êmbun-êmbunane kêthukulan rambut kang diarani: rambut malaekat, cacahe pitung lêr, mulane kadibyane ing donya tanpa tandhing. Lan malih poma, sampeyan ampun wani-wani mungsuh kalih Mikula saturun-turune, sabab ibu prêtiwi dhêmên bangêt kalih Mikula saanakturune niku, sing sintên wani ngalahake niki, bisa dipatèni dening ibu prêtiwi niku wau. Kajabane niku ontên malih sing sampeyan ampun wani-wani ngajak pêrang, ênggih niku: Woloh, sabab niki wêgig bangêt, nèk kalah pêrange, ênggih sok ngêtokake kawêgigane, ing môngka botên ontên sajagad niki uwong sing kawêgigane ngungkuli Woloh wau, saniki sampeyan kudu duwe jaran tunggangan, sing gêdhe lan sing kuwat, êmpun nganti katon ngisin-isini kangge tungganganing satriya prajurit. Saniki sampeyan kesaha têng ara-ara, sampeyan têngga têng dalan, nganti ontên uwong têka nuntun bêlo, sing ajêng digawa têng kutha. Bêlo niku sampeyan tuku, êmpun nganti ngênyang, sanadyan sampeyan dikon nuku limang atus rupiyah, ênggih sampeyan tuku mawon. Saêmpune, bêlo niku sampeyan lêbokake têng gêdhogan, lawase têlung sasi, nanging salawase têlung sasi niku, kudu sampeyan jaga, ampun nganti ontên uwong sing sumurup. Bêlo niku sabên dinane sampeyan pakani gandum, lan sampeyan ombèni banyu êtuk, lan panjaga sampeyan niku kudu kaya anjaga anak sampeyan kiyambak. Nèk êmpun liwat têlung sasi, jarane niku sabên bêngi nganti têlung bêngi, sampeyan tantun ngubêngi kêbonan, lan sampeyan êdusi nganggo banyu êbun ping tiga, lan kudu sampeyan kèn gulung ontên sukêtan sing têlês. Nèk êmpun rampung, jaran niku banjur sampeyan cancang ing saka sing dhuwur. Mangke rak banjur ajêng ambêdhal, mêncolot-mêncolot nganti dhuwur bangêt, êndhase digèdhèk-gèdhèkake sarosane, bobating buntut diêngge nyêblak-nyêblak lêmpènge, sarta banjur ambêngingèh-ambêngingèh. Saka kurang sabare kapal niku mangke nglumpati pagêr lan bali malih, sarta sarana taracake nujah-nujah têng lêmah nganti jêro. Kêclaping matane mangke katon mêdèni bangêt, nganti botên ontên uwong sing wani nyêdhaki, kêjabane sampeyan dhewe. Nèk êmpun niku jaran nuli sampeyan lapaki, sampeyan tunggangi, sarta sampeyan kudu lunga saka omah sampeyan niki. Jaran niku mangke bakal nurut mawon napa kajêng sampeyan. Sabanjure sampeyan bakal ngidêri tanah jajahan Ruslan niki, lan bakal pêrang kalih mungsuh pintên-pintên, sing bisa sampeyan kalahake kabèh. Sabanjure sampeyan mêsthi bakal kêsuwur nama sampeyan.

--- 1296 ---

Sasampunipun nyariyosi makatên wau, tamu sêpuh têtiga wau lajêng pamit kesah. Sakesahipun tamu têtiga, Ilya enggal-enggal pangkat dhatêng sabin sumêdya angrencangi nyambut damêl tiyang sêpuh saha sadhèrèkipun. Sabinipun wau watawis têbih. Sarêng Ilya dumugi ing ngriku, bokmanawi jalaran saking bêntèripun utawi jalaran saking sayahipun saking anggènipun nyambut damêl, ing kala punika tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun sami tilêm. Ilya lajêng nyandhak wadung, saha nuntên ambabadi wit-witan, punapadene thêthukulan alit-alit, ingkang lajêng kabucal ing lèpèn. Sasampunipun ing papan ngriku kadamêl rêsik ngantos prasaksat lajêng sampun kenging dipun tanêmi. Ing wusana wadung lajêng kasukakakên ing papan suwaunipun, saha lajêng umpêtan wontên ing gêgrumbulan. Sarêng tiyang sêpuh tuwin sadhèrèk-sadhèrèkipun tangi, saha nyumêrêpi bilih ing ngriku papanipun sampun rêsik, gumunipun tanpa upami.

Bapakipun apitakèn dhatêng anakipun makatên: Lho, mêntas ana lêlakon apa ing kene. Sajêrone kene padha ngaso, sapa sing nindakake pagaweane dhewe iki mau, têka ing kene saiki katon rêsik mangkene.

Ilya ing kala punika lajêng mêdal saking papan pandhêlikanipun, murugi tiyang sêpuhipun, saha lajêng nyariyosakên lêlampahanipun kalihan tamu tiyang sêpuh têtiga wau. Ilya inggih botên supe nyariyosakên anggèning jalaran ngombe lorodan bir lajêng rumaos gadhah kêkiyatan saha kadibyan kadosdene satriya prajurit.

Sasamunipun cariyos kados ing nginggil wau, Ilya lajêng enggal-enggal bidhal nuju dhatêng margi agêng ingkang anjog dhatêng ing kitha: Murom. Wontên ing margi prapatan, piyambakipun lajênga angêntosi kadosdene pakènipun têtamu tiyang sêpuh tiga wau. Dèrèng ngantos sêtêngah jam anggènipun ngêntosi wontên ing ngriku, Ilya dumadakan saking katêbihan lajêng mirêng ambêngingèhipun bêlo, lan botên watawis dangu wontên grobag dhatêng. Ing wingking dipun cancangi bêlo, dene bêlo wau wujudipun awon sangêt, kajawi sakit lan gudhigên, wulunipun katingal ngrembyong lan gèmbèl. Ilya enggal-enggal murugi dhatêng tukang grobag saha numbas bêlo wau kanthi tanpa kaawis malih. Salajêngipun bêlo nuntên katuntun kalêbêtakên ing gêdhogan saha tansah kajagi sampun ngantos wontên tiyang ingkang badhe sagêd sumêrêp. Tigang wulan laminipun anggèning Ilya anjagi bêlonipun kadosdene anjagi anakipun piyambak wau, sabên dintên bêlo wau dipun têdhani gandum saha dipun ombèni toya tuk ingkang bêning sangêt. Sabên enjing kapal wau dipun kêrok, dipun êlus-êlus lan dipun ajak omong kadosdene omong kalihan tiyang limrah. Kapal wau kadosdene mangrêtos punapa ingkang dipun cariyosakên dening bêndaranipun enggal punika, saha lajêng ambêngingèh kadosdene amangsuli omonganipun. Sarêng panjaginipun ingkang makatên wau sampun jangkêp tigang wulan, ing wanci dalu Ilya lajêng nuntun kapalipun kabêkta mêdal saking gêdhoganipun. Sadalu muput kapal wau katuntun mubêng ing kêbonan, sarêng badhe gagat enjing lajêng dipun êdusi mawi toya bun saha lajêng kalêbêtakên ing gêdhogan malih. Anggènipun nindakakên makatên wau ngantos tigang dalu têrus-têrusan. Jalaran saking punika kapal wau lajêng dados kiyat lan santosa, kulitipun dados mêncèrèt, ngantos tiyang botên badhe sagêd sumêrêp, bilih kalanipun tumbasipun kapal wau kêbak gudhig. Tigang dintênipun, kapal wau nuntên kacangcang wontên ing saka inggil ing sacakêtipun bêthèk. Ing sakawit kapal wau dêdolanan pêncolotan, nanging botên watawis dangu katingal botên sênêng, saha lajêng badhe mêdhot saking cancanganipun, êndhasipun dipun obag-abigakên, narik-narik tangsulipun, anujah-nujah ngantos adamêl kagèting sadaya tiyang ingkang sami wontên ing ngriku, sarta lajêng mêncolat-mêncoloti bêthèk wongsal-wangsul. Jalaran tandangipun ingkang makatên wau, sadaya tiyang ngantos sami lumajêng. Nanging mênggahing Ilya babarpisan botên anggadhahi ajrih, kapal malah dipun cakêti, lajêng dipun kêndhalèni saha dipun lapaki ing lapak waja. Salêbêtipun amakèhi kapal wau kalihan wicantên makatên:

Wiwit saiki kowe dadi jaran tungganganku, lan kowe bakal tak tunggangi anjajah ing laladan praja Ruslan, prêlu amêrangi mungsuhe Sang Prabu Wladhimir. Mangkono uga prêlu ngukum wong ala kang anjalari akèhing rôndha utawa bocah yatim. Saiki kowe prasêtyaa nyang aku, yèn salawase kowe bakal tansah ambangun turut nyang kabèh kang dadi kêkarêpanaku.

Badhe kasambêtan.

--- [157] ---

Nomêr 40. Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn. Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Tatacara Naluri

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 80.

Wontên malih dêdongenganipun tiyang sêpuh, dongèng punika kilap cariyos saking babad punapa namung saking buku pèngêtanipun piyambak, punapa saking pundi, ingkang wosipun, wontên ingkang nyariyosakên, nalika Kangjêng Panêmbahan Senapati têdhak amêng-amêng dhatêng Mancingan (Sagantên kidul) lan têdhak dhatêng panggenan sanès-sanèsipun, wontên ing margi mirsa tiyang sade sêkul tumpang, sêkulipun wos abrit, jêjanganan saha bumbunipun limrah, namung kaot mawi wêwah tigan dadaran kalihan rambak. Wontên ing nrgiku Kangjêng Panêmbahan kaparêng kèndêl, prêlu mundhut sêkul tumpang wau, bokmanawi anggènipun dhahar kraos nikmat sangêt. Sabibaring dhahar Kangjêng Panêmbahan kawiyos ngandika lan andangu dhatêng nini sêpuh ingkang sade sêkul tumpang: dodolanmu kok enak lan sêdhêp. Ing kene iki desa ngêndi, bok, lan apa iya ana lurahe desa. Wangsulanipun: ngriki niki jênênge desa Thithang, gus, lurahe desa ênggih ontên. Kangjêng Panêmbahan lajêng jumênêng, nglajêngakên tindakipun.

Sanès dintên malih, wontên ing margi, Kangjêng Panêmbahan mundhut dhawêt tlasih. Bokmanawi ngunjuk dhawêt punika, panjênênganipun kraos sêgêr sangêt, sanalika lajêng kawiyos ngandika lan andangu dhatêng nini sade dhawêt tlasih makatên: dodolanmu dhawêt enak, rasane kok sêgêr nganggo sumyah. Kene iki jênênge desa ngêndi, ni, lan apa ana lurahe barang. Atur wangsulanipun: Ngriki niki namine dhusun Karangwaru, gus, lurahe ênggih ontên. Kangjêng Panêmbahan botên andangu malih, lajêng kondur.

Sarawuhipun ing kadhaton Mataram, Kangjêng Panêmbahan Senapati lajêng andhawuhakên, benjing sasurudipun sarira dalêm, supados dipun wilujêngi sêkul tumpang wêdalan ing dhusun Thithang, tuwin kadhawuhan ngintun sêkar tlasih saking dhusun Karangwaru, makatên wasiyat dalêm.

Lurahing dhusun kalih kasêbut nginggil, lajêng sami katimbalan sowan nagari, prêlu kaparingan sumêrêp, wiwit sapunika tumrap sabin ing dhusun Thithang sawatawis bau, kadhawuhan mligèkakên nanênêminanêmi. [nanê...]

--- [158] ---

[...nêmi] pantun abrit. Dene tumrap sabin ing dhusun Karangwaru sawatawis bau, kadhawuhan mligèkakên nanêmi tlasih. Ing salajêngipun bêkêl dhusun ing Thithang (Kutha Gêdhe) sabên dintên Kêmis katamtokakên ngladosi wos abrit, tuwin kajêng obong, dalah tiyangingpuntiyangipun. ingkang ngolah pipisan. Pangolahipun ing wanci dalu malêm Jumungah, jam sakawan enjing rampung, sampun matêng sadaya. Makatên ugi bêkêl dhusun ing Karangwaru (sacêlaking tugu Ngayogya) katêmtokakên ngladosi sêkar tlasih sabên ing dintên Jumungah enjing. Sadaya wau katampèkakên dhatêng kamisêpuhipun juru kunci ing pasareyan.

Dumugi sapriki pasarean agêng ing Kutha Gêdhe, punika sabên Jumungah enjing dipun wontêni maos mukadam, tuwin wilujêngan kêndhuri sêkul tumpang, wos abrit, mawi tigan dadaran sarta rambak, kathahipun ambêngan pitung ancak. Makatên ugi sabibaring Jumungah, dipun wontêni wilujêngan malih ambêngan sêkul abrit kalih wêlas ancak, sarampungipun lajêng nyêkar dhatêng pasarean, mawi sêkar tlasih winadhahan ing kandhaga, dipun songsongi jêne atal byur. Têka samantên dayaning dhêdhaharan ingkang sagêd kapinujon, sanadyan olah-olahan namung sapele, tuwin botên angintên-intênakên babarpisan, jêbul kagêm priyagung luhur.

Ni Panggung.

Wangsulan Katur Sadhèrèk Arun ing Sêmarang.

Nuwun, kasêbut ing udyananing Kajawèn, ôngka: 54, wontên pitakenan ingkang tumuju dhatêng kula, inggih punika: 3 prakawis.

I. Punapa têgêsipun gêsang modhèrên.

II. Lan kadospundi gêsangipun wanita mudha ingkang winastan modhèrên.

III. Ingkang panjênêngan karsakakên punika wanita ingkang pundi, awit saking pamanggih kula tiyang punika sagêd kaperang: a. miturut panggenan panggêsanganipun, b. miturut panggulawênthahipun.

Sadhèrèk, pandangon panjênêngan punika pancèn satunggiling pandangon ingkang anjalimêt, mila kula matur makatên, awit yèn botên satunggaling wanita ingkang gêmblengan saèstu, botên badhe sagêd andangu ingkang samantên lêbêtipun wau. Mila ing ngriki inggih badhe kula aturi wangsulan sagadug-gaduging pamanggih, namung sadèrèngipun kula ngaturi wangsulan, kula matur gênging panuwun kula rumiyin dhumatêng panjênênganipun sadhèrèk: Landêp, têka kagungan panggalih karsa mangsuli dhatêng pandangonipun sadhèrèk Arun wau. Awit saking punika dados kula namung ngaturi wêwahan sawatawis kangge jangkêp-jangkêp.

Mila kula ngantos sawatawis lami dèrèng ngaturi wangsulan dhumatêng sadhèrèk Arun, awit kabêkta saking sawêg repot lan kathahing padamêlan dhinês, langkung-langkung kangge bikakan taun enggal ing pakaryan kula wau, mila ragi nglirwakakên padamêlan ing udyananing Kajawèn ngriki. Rèhning wêkdal punika sampun ragi sêla, kathik kados dipun èngêtakên dening sadhèrèk Landêp, mila lajêng gumregah ngartrangngaturi. wangsulan punika.

Badhe kasambêtan.

Bok S. Wir, Rêmbang.

--- 159 ---

Bab Olah-olah

Nuwun, kaparênga kula urun wudhu bab pangolahipun, godhong pohung sapanunggilanipun, inggih punika ingkang sampun kula sumêrêpi utawi ingkang kula lampahi.

[Grafik]

Rara Sutinah.

Gudhangan ngangge sambêl tumpang

Angracika bumbu, brambang, bawang, kêncur, sarêm kaulêg lêmbat kauwor kalihan parudan kalapa ingkang taksih ragi ênèm, kawêwahana salam saha toya sakêdhik, nuntên kaolah samatêngipun. Lajêng angracika bumbunipun sambêl tumpang, lombok abrit ijêm kagodhog rumiyin, manawi sampun matêng, lajêng kaulêg kalihan tempe bosok ingkang ngantos lêmbat kawêwahana brambang, bawang, sarêm, traos, tumut kaulêg, lajêng kawadhahana ing panci nuntên kaêsokana santên kênthêl sacêkapipun saha salam lan gêndhis, manawi sampun matêng lajêng kaêntas, langkung miraos manawi ngangge pête (ingkang karsa), pandamêlipun bubuk dhêle, kêdhêle ingkang sampun rêsik lajêng kagorèng sangan, manawi sampun matêng lajêng dipun icali galabadipun (kulit) ingkang ngantos rêsik, nuntên kadhêplok ingkang lêmbat, bumbunipun kêncur, bawang, godhong jêram purut, sarêm. Pandhaharipun: godhong pohung kacarub kalihan bumbu kalapa wau, lajêng sambêlipun, ing nginggil bubukipun dhêle.

Kaêpès kalihan gêrèh gêmbung (tongkol) utawi sakarsanipun.

Godhong pohung ingkang ênèm kakumbah ingkang rêsik, gêrèh ugi kakumbah. Angracika bumbu, brambang, bawang, kêncur, gêndhis, sarêm, sadaya kaulêg lajêng kauwor kalihan parudan kalapa ingkang taksih ênèm, supados sagêd rumasuk bumbunipun, godhong pohung ugi tumut kaulêt. Amundhuta godhong pisang kangge ngêpès, gêrèhipun kadèkèkna têngah lajêng kawêwahana salam, manawi sampun dipun pès lajêng kaêdang.

Kêlan bobor.

Katès ingkang taksih mêntah kaoncekana, nuntên kairis-iris sakarsanipun, godhong pohung, karajang ingkang cêkapan, sadaya kakumbah ingkang rêsik. Anumpangna panci utawi kwali katoyanana sakêdhik, manawi sampun umob kêlanan wau lajêng kacêmplungna. Angulêga bumbu, brambang, bawang, kêncur, tempe bosok, sarêm, manawi sampun lêmbat nuntên kauworna sarêng salam, manawi kakintên sampun êmpuk, nuntên kaêsokan santên sakarsanipun, supados botên ning-ningên, kêdah kakêbur, manawi sampun umob saantawis lajêng kaêntas.

Sutinah

--- 160 ---

Sinjang Sidamukti

Sinjang Sidamukti punika kêgolong sinjang ingkang sêratanipun ngrawit, nama sinjang latar pêthak. Tumraping para kina, sinjang Sidamukti punika dipun pilala, bokmanawi kêbêkta anggènipun nama Sidamukti wau, kajêngipun sampun mastani, utawi dados pangajab sae, mêndhêt saking têmbungipun.

Manawi mirid bakuning sêratan, ingkang dados nama Sidamukti, punika mêndhêt saking sêratanipun ingkang wujud malang megung kados uwit, dene sêratan sanèsipun, namung dados rêrênggan.

Mênggah ingkang dipun wastani sinjang latar pêthak, punika bakunipun namung salugu mêndhêt saking palataraning sinjang, inggih punika sasêla-sêlaning jêjêr, inggih punika ingkang dipun wastani latar, dipun isèni pêthak. Dene isèn pêthak wau warni-warni, wontên ingkang kadamêl unthêr, wontên ingkang bledhak, tuwin tembokan lugu. Dados sinjang ingkang lataranipun kados makatên punika nama sinjang latar pêthak, namung limrahipun, ingkang dipun wastani latar pêthak punika namung sinjang ingkang mawi unthêr.

Sinjang latar pêthak punika limrahipun sami polan. Kajêngipun polan punika, sakawit mêndhêt pola sinjang, ingkang namung wujud montên isi sêratan, lajêng dipun tèmplèkakên ing montên ingkang badhe dipun sêrat, lajêng dipun domi bundhêl turut pinggir ingkang lêtipun têbih-têbih. Dados pola wau dipun bêlak lugu, nanging pamasangipun kêdah maton, jêjêripun sagêda dhawah ing têngah, lajêng wiwit dipun sêrat. Dene patraping tiyang nyêrat sinjang mawi pola, ingkang namanipun mola, linggihipun kêdah mapan nawung ing padhang, prêlunipun sêratan ingkang dipun pola sagêd cêtha.

Manawi nyêratipun sapola wau sampun têlas, pola lajêng kapêndhêt, salajêngipun montên ingkang sampun dipun sêrat, lajêng dipun têkuk katèmplèkakên ing montên ingkang badhe dipun sêrat sisihipun, makatên salajêngipun, ngantos sawiyaring montên kêbak.

Sinjang Sidamukti punika kêgolong sinjang luwêsan, sogan mramong tuwin sogan kêlêm sami saenipun, namung sênêngan.

Mathukipun, sinjang Sidamukti punika dipun ênggèni rasukan ingkang dhasar kêlêm, sêkaran alit, nanging ingkang nglela.

Biyang Sri.

--- [1313] ---

Ôngka 83, Stu Wa, 11 Ruwah Ehe 1868, 16 Oktobêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1297] ---

Ôngka 83, Stu Wa, 11 Ruwah Ehe 1868, 16 Oktobêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Jaarmarkt ing Surabaya - Kasangsaran Motor Mabur Specht - Patilasan Kina - Bab Patukangan Kajêng ing Dhusun Serenan (Surakarta) - Pamrayogi utawi Pitêdah Sawatawis tumrap Tiyang Wawrat - Kawontênan ing Tiongkok - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Awrat ènthènging batos.

Saèstunipun ingkang dipun wastani awrat ènthènging batos punika taksih dados pitakenan: punapanipun. Dene mênggahing kajêng, ingkang dipun wastani awrat ènthèng wau raosipun.

Tumrap ingkang anggatosakên, tiyang dipun batos awon ing tiyang sanès, punika sakit, awit sajatosipun mangrêtos, bilih anggènipun dipun batos ing liyan punika saking wontên sabab awon ingkang ngèngingi dhatêng badanipun piyambak. Nanging tuwuhing raos ingkang makatên punika ragi lôngka, awit sajatosipun, ing bab punika, nama sampun ngambah dhatêng tataran ngrumaosi, ingkang dados margi sae tumraping kabatosan, dados tumrap ingkang botên ngraosakên dhatêng rêkaosing batosipun, pinanggihipun inggih ènthèng kemawon, dening nyatanipun batos punika kuwasa, kenging kangge ngobong jagad saisinipun.

Andharan ingkang kados makatên punika, mênggah wosipun namung kangge pêpindhan ingkang lèrèg dhatêng têpa, dados manawi dipun batos awon ing liyan punika sakit, inggih sampun sok ambatos awon dhatêng liyan.

Manawi babagan kabatosan punika sampun kasarira piyambak, têgêsipun inggih apawitan tekadipun piyambak, tamtunipun prêluning prêlu inggih ngupakara badanipun piyambak wau. Ing ngriku lajêng sagêd angraosakên awrating batos, awit ingatasing ngudi babagan kabatosan, punika ingkang dipun jagi batosipun, sampun sok salah damêl. Mênggah gêgambaranipun tiyang ulah kabatosan, sampun malih anglampahi pandamêl awon, sawêg krêntêg badhe tumindak awon kemawon sampun dosa. Lajêng têtêp pinanggih awratipun.

Nanging, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kêraosing dosa punika ingkang angèl, tamtunipun sagêdipun karaos tuwin sumêrêp, kêdah kanthi kawaskithan.

Minôngka gampilaning rêmbag, kabatosan punika bangsaning gawat, upami caraa sade tinumbas, rêginipun awis sangêt. Ingkang dipun wastani awis wau awising tekadipun, nanging awising tekad mau botên kenging dipun tambak ing rajabrana.

Cêkruktruna.

--- [1298] ---

Jaarmarkt ing Surabaya

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar punika kawontênaninkawontênaning. Jaarmarkt ing Surabaya ingkang kaping XXIII.

Gambar ing nginggil: Mr. W.A.H. Fuchter, nalika ambikak Jaarmarkt ingkang kaping XXIII utawi kaping XV ing papan sapunika. Benjing taun ngajêng, Jaarmarkt punika dipun wiyarakên, tuwin dipun rêrêngga sae.

Gambar ing ngandhap: padhangipun ing wanci dalu, ing ngriku kathah rêrênggan ingkang winangun cagak-cagak maneka warni, ingkang sakakungsakalangkung. nêngsêmakên.

--- [1299] ---

Kasangsaran Motor Mabur Specht

Ing Kajawèn perangan pêthikan pakabaran warni-warni sampun ngêwrat ing bab pawartos kasangsaranipun motor mabur Specht. Ing ngriki prêlu mratelakakên cêthanipun sawatasi.sawatawis.

[Grafik]

Motor mabur "Specht" ingkang êndhasipun rêmuk.

Motor mabumabur. Specht punika gadhahanipun K.L.M. ingkang kala ing dintên Rêbo tanggal 6 wulan punika bidhal saking Batawi badhe wangsul dhatêng nagari Walandi. Nalika lampahipun bidhal saking papan anggêgana ing Palembang, motor mabur wau dhawah.

Tiyang ingkang nêmahi tiwas wontên 4, pangagênging lampah Tuwan T.M. Stork, ingkang gambaripun sampun dipun êwrat ing Kajawèn. Juru tèlêgram J.J. Stodick, juru mêsin J.J. Rubon, tiyang numpak satunggal, Ir. G.A. van Steenbergen, pangagêng among dagang Marsman ing Bandhung. Ingkang numpak sanèsipun, Tuwan H. Schoch saking British American Tobacco Cy. nandhang tatu sakêdhik. Nonah T. Smissaert, nandhang tatu ing sirah. Tuwan A.E. Muuro saking Singgapura, nandhang tatu ing sirah tuwin suku. Ahli piyul ingkang misuwur Bronislav Huberman, nandhang tatu ing tangan, tuwin sèkrêtarisipun, nonah I. Ibeken, nandhang tatu sakêdhik.

Jalaraning dhawah, amargi wontên motoripun satunggal ingkang mogok.

Motor mabur Specht punika risak babarpisan, suwiwinipun kiwa rêmuk sapalih, sirahing panggenan motor tugêl babarpisan, mila motor wau manawi dipun sawang saking ngajêngan katingal growong wiyar.

Têtiyang ingkang kasangsaran lajêng dipun upakara wontên [wo...]

--- 1300 ---

[...ntên] ing griya sakit, kawontênanipun sakalangkung ngrêrês-êrêsi. Dhoktêr angawisi dhatêng têtiyang ingkang tuwi pitakèn punapa-punapa dhatêng ingkang sakit. Para pangagêng sami abela sungkawa.

[Grafik]

Motor ingkang mancêlat têbih rêmuk ical sipatipun.

Miturut nalar-nalaripun, mênggah jalaraning kasangsaran wau, wiwit anggêgana, nalika badhe menggok mangiwa, motoripun ingkang satunggal pêjah, motor mabumabur. lajêng ambyuk. Salajêngipun suwiwinipun kiwa ngêsut siti peranganipun ing ngajêng kêblêsêk, badanipun anggobig mubêng adamêl karisakan. Motoripun ingkang sisih kiwa mlêsat pêthal saking papanipun kintên-kintên têbihipun wontên 25 m. tuwin motor ingkang têngên mancêlat 10 mètêr. Papan panggenaning tiyang ical babarpisan. Rahayu dene botên kêbêsmi.

Ing bab wontêning kasangsaran punika, atas dhawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhumatêng sèkrêtaris jendral, akintun telêgram dhatêng dhirèksi K.L.M. ing nagari Walandi, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana amahyakakên bela sungkawa dhatêng kasangsaran punika, saha kadumugèna dhatêng para kulawarganipun ingkang sami kasangsaran.

Wiwit kasangsaranipun motor mabur Uiver, kala salêbêtipun wulan Dhesèmbêr 1934, dumugining kasangsaranipun motor Specht punika kapetang kasangsaran K.L.M. ingkang kaping wolu. Sasampunipun, Uiver, lajêng Leeuwrik, Kwikstaart, Maraboe, Gaai, Lijster, Flamingo tuwin Specht punika.

--- 1301 ---

Patilasan Kina

Ing dhusun Kracak, bawah kawêdanan Ajibarang, Kabupatèn Purwakêrta, wontên satunggiling panggenan ingkang miturut gotèkipun têtiyang ngriku sampun kina sangêt, inggih punika awujud pasiraman, mawi pancuran, têtiyang ngriku mastani lèpèn Manggêng. Kula pitakèn tiyang ing ngriku ingkang kapetang sampun sêpuh piyambak umuripun, inggih botên sumêrêp kala taun punapa wontênipun, sumêrêp-sumêrêp sampun wontên, sagêdipun nêrangakên inggih namung mêndhêt saking namaning lèpèn, inggih punika saking têmbung panggêng utawi langgêng, awit kawontênanipun pancuran punika tansah langgêng, sanadyan rêndhêngipun sangêt, utawi katiganipun dangu, ilinipun inggih ajêg, botên bêna tuwin botên asat.

Ing sandhingipun pancuran, wontên malih barang kina, inggih punika awujud sela bundêr kêplêng, agêngipun sami kalihan bal nomêr satunggal, wawratipun wontên 21 kilo. Lan wontên malih lumpang sela 2 iji, nanging kalih-kalihipun sampun sami bolong ing prênahing dhasaripun. Sela-sela wau ngantos sapriki taksih sami dipun pundhi-pundhi, malah sela ingkang bundêr wau kangge pirantos pasanggiri, inggih punika sintên ingkang sagêd angangkat sela punika kaping gangsal angungkuli sirah kalihan linggih sila, badhe pikantuk kabêgjan utawi mênang ing juritipun. Saking sampun lami utawi saking asring dipun junjungi, wujuding sela ngantos katingal alus mêlêng-mêlêng.

[Iklan]

Nitik wontênipun panggenan utawi kajêng ingkang ngayomi panggenan punika, inggih mèmpêr sampun dangu sangêt, awit ing ngriku wontên witipun ingkang kapetang agêng, inggih punika wit popohan, agênging buwêngipun wontên 3.53 m. Dados mèmpêr umuripun kajêng kemawon inggih sampun atusan taun. Ing dintên ingkang kaanggêp malang, inggih punika malêm Slasa Kliwon utawi Jumuwah Kliwon, kathah tiyang ingkang mrêlokakên adus ing ngriku, sami gadhah kajat kaulan, utawi kangge jampi, lan wontên malih prêlu kapengin gadhah jodho, tuwin sanès-sanèsipun.

Mangsuli bab sela bundêr, mênggah saking gagasan kula punika wontênipun kintên-kintên nalika nyarêngi ing tanah Jawi taksih jaman pêpêrangan, taksih kathah [ka...]

--- 1302 ---

[...thah] tiyang ngudi dhatêng kadigdayan. Dados manawi ngèngêti panggenan wau milih panggenan ingkang sêpên, kintên-kintên ing wêkdal punika wontên salah satunggalipun bôngsa luhur ingkang kêplajêng, lajêng lêrêm ing ngriku, prêlu pados pêpadhang, ngiras ulah kêkiyatan mawi sela bundêr wau, lajêng yasa pasiraman pisan. Mila wujuding panggenan inggih katingal asri, kinubêng ing parêdèn, dadèsdados. manawi pisujupinuju. wontên ing ngriku, lajêng ningali sêsawangan ing kiwa têngênipun, ing raos lajêng tuwuh dhatêng kaelokaning alam, bilih manusa punika ing pundi-pundi pangnènpanggenan. sagêd kasinungan sênêng lan marêm, botên kok wontên panggenan ingkang rame kemawon, ing wana pisan, ugi sagêd manggih kamarêmaning manah. Badhe kasambêtan.

Lêngganan nomêr 1767.

Wara-wara

Ing sarèhning ing wêkdal punika Petruk nuju pêrlop, ing salêbêtipun pêrlop wau, botên ngêdali ing Kajawèn. Nanging salêbêtipun wontên purug badhe ngintuni karangan punapa ingkang dipun alami.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan K. 1815 ing Malang. Karangan bab kagunan Jawi, pakêmpalalpakêmpalan. enggal V.O.R. punika mathukipun kapacak ing ariwarti.

K. 1198 ing Kêtandhan. Manawi miturut yuswa 40 taun, Rê Lê, dhawah 24 Bakdamulud, taun Alip 1827 utawi kaping 22 Sèptèmbêr 1897. Manawi manut 1901 (jawah awu) sawêg yuswa 36, Rê Lê, dhawah 6 Bakdamulud, Dal 1831, 24 Juli, manawi manut Jimawal, Rê Lê, dhawah tanggal 15 Bakdamulud, taun 1829, utawi kaping 24 Agustus 1929. Pundi ingkang lêrês.

K. 2898 ing Barat. A Pa, Januari 1898, dhawah tanggal 16. Tanggal kaping 22 Ruwah Ehe 1828 wuku Sinta.

Bab Patukangan Kajêng ing Dhusun Serenan (Surakarta)

Dening Dhanghyang Sabaya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 82.

Amila bibaring prang Mangkubumèn, dhusun Serenan kalêbêt bawah Ngayogyakarta. Sampun wiwit sadèrèngipun prang Mangkubumèn, têtiyang ing dhusun Serenan pancèn sampun sami sagêd anukang kajêng, dene mulabukanipun namung tiyang satunggal inggih sêsêpuhing dhusun wau, ingkang cikal bakal dhusun, nama: Kyai Ece, panggêsanganipun sêsadean grabadan dhatêng kitha Surabaya. Rèhning jaman samantên, lampahipun malampah mantuk namung mêdal banawi Sala (numpak baita), mila agèninganggèning. kêkesahan inggih ngantos wulanan laminipun. Wontênipun ing kitha Surabaya sagêd sêsrawungan kalinkalihan. para tiyang saking Jêpara, inggih salêbêting sarawungan kalihan tiyang Jêpara wau, Kyai Ece anggèning ngangsu kawruh patukangan kajêng, kasagêdan punika lajêng sumêbar wontên dhusunipun Serenan ngantos sapriki. Ing môngka miturut dêdongenganipun Kyai Ece wau dumugi samangke sampun antawis kalih atusan taun laminipun.

Wiwit tumapakipun taun 1935, kathah para prayagung luhur ing Surakarta ingkang nitipriksa kawontênaning patukangan kajêng ing Serenan, ngantos anglanjak [angla...]

--- [1303] ---

[...njak] dumugi sajawining Surakarta, sarta botên ngêmungakên para prayagung luhur Jawi, ugi kathah prayagung luhur Walandi. Malah dèrèng dangu, panjênênganipun tuwan gupêrnur ing Surakarta rawuh ing Serenan prêlu nitipriksa kawontênanipun. Miturut pangandikanipun tuwan gupêrnur wau, bilih patukangan kajêng ing Serenan tumrap ukir-ukiran têtela langkung alus garapanipun katimbang wêdalan ing Jêpara. Pêjahing patukangan ing Serenan antawis taun 1924, ngantos dumugi akiring taun 1934.

Amangsuli bab alus sarta èdining panggarap, botên wontên prayagung luhur ingkang anacad, namung bab plituran taksih têbih sangêt manawi katandhing kalihan garapanipun bôngsa Tionghwa, amila lajêng wontên kaparêngipun nagari matah priyantun Jawi saking Ngayogya, prêlu nyinau mlitur murih sagêd sae kados garapanipun bôngsa Tionghwa wau.

Wiwit tumapakipun taun 1935 awit saking rêrigênipun para wajib, kaparêng anggêgêsang kagunan wau, ngantos sagêd angsal pawitan kamirahan saking parentah karajan Jawi ing Surakarta, dumugi samangke katingal gumrêngsêng sayêktos, mèh sagêd pulih kados jaman wingi uni nalika taksih krêta raharja, wêlingan saking sajawining Surakarta tanpa kèndêl, dados têtêp sagêd subur panggêsanganipun têtiyang ing Serenan.

Anamung wontên kuciwaning wêwatakanipun para sadhèrèk ing Serenan punika manawi nyambut damêl rêmên sasakecanipun, botên nêtêpi janji. Nanging jalaran saking pangudinipun para kawogan, sagêd ugi wêwatêkanipun ingkang kados makatên punika lajêng ical.

[Grafik]

Sawangan margi sêpur jejeran kalihan margi agêng ing tanah parêdèn Batanghanai, Sumatra Kilèn.

--- 1304 ---

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi Pitêdah Sawatawis tumrap Tiyang Èstri ingkang Wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79.

Ingkang makatên punika kula sadaya utawi tiyang èstri wau sagêd kapitunan, botên sagêd katulungan tumuntên dening Verpleegster utawi Vroedvrouw, amargi Verpleegster utawi Vroedvrouw wau sami botên sadhiya dening sami pêrsabên kalihan tiyang sanès, dados Vroedvrouw inggih kêdah tulung tiyang sanès ingkang sampun janji rumiyin.

Asring kadadosan sasampunipun ingkang wawrat wau kapriksa dening dhoktêr, lajêng gugup ngupados Vroedvrouw utawi Verpleegster amargi bayi mèh badhe lair utawi sanès-sanèsipun.

Kajawi punika tiyang utawi dhoktêr sok sagêd kalintu anggènipun nêtêpakên umuripun bayi ing salêbêtipun wêtêng, sok botên sagêd cocog, jalaran saking agênging bayi utawi toya bayi ing salêbêtipun pranakan (vrucht water) kathah sangêt.

Manawi dhoktêr anggènipun mriksa ingkang wawrat botên kasèp, taksih antan-antan, tur rambah-rambah pamriksanipun, punika dhoktêr sagêd ngintên-intên, lan cocog anggènipun nêtêpakên umuripun bayi wau.

Rèhning pamriksanipun dhoktêr wau namung saking jawi kemawon, dados botên kuwatos tumrap tiyang èstri ingkang wawrat punika.

Mila manut ingkang kasêbut ing nginggil, tiyang èstri ingkang wawrat wau prayogi kêdah ajêg lan rambah-rambah kapriksakakên dhatêng dhoktêr, awit sampun limrah langkung gampil anjagi utawi nulak sêsakit tinimbang anjampèni tiyang ingkang sampun kataman sêsakit. Têgêsipun anjagi kasarasan langkung gampil tinimbang anjampèni tiyang sakit.

Upami ing wanci salu kula tilêm ing salêbêtipun klambu, lêmut botên sagêd nyakot, nanging manawi tilêm kula botên mawi klambu têmbu lêmut sagêd nyakot ing perangan badan, dados kula sagêd kataman sêsakit bêntèr tis (malaria). Yèn sampun kenging sêsakit malaria punika, anggènipun angsal jampi botên tamtu gampil utawi botên mêsthi tumuntên sagêd saras, langkung-langkung yèn wisanipun (baksil) malaria wau pinuju ingkang kêras, ambêbayani, awit kula botên sagêd mangrêtos baksil malaria ingkang nulari awak kula wau punapa baksil kêras utawi ènthèng.

Makatên ugi tiyang ingkang dipun cakot sêgawon edan, bilih katingal wontên sêgawon badhe ngêrah utawi nyakot, lajêng purun aling-aling pagêr utawi rikat malajêng nyingkiri sêgawon wau, têmtunipun inggih botên ngantos kacakot, namung yèn ngantos kacakot, anggènipun jêjampi kêdah wontên ing Bandhung, tur jampinipun [jampinipu...]

--- 1305 ---

[...n] suntikan ingkang dipun trapakên dhatêng ingkang sakit wau, kraosipun sakit sangêt, ingkang kathah sami anjêrit utawi anggêmbor, sambat sakit sangêt. Mila langkung gampil tuwin sae utawi prayogi nyêgah utawi nulak sêsakit, tinimbang anjampèni tiyang ingkang sampun sakit. Kajawi makatên, dhoktêr punika botên mêsthi sagêd sanalika damêl sarasipun ingkang sakit, trêkadhang ingkang sakit sagêdipun saras ngantos dangu sangêt.

[Iklan]

Asring dhoktêr ngraosakên gêla yèn manggih wontên tiyang sakit sampun kasèp nêmbe nêdha dipun tulungi.

TihangTiyang. èstri sampun kinodrat wawrat lan anglairakên bayi, dados tiyang èstri wau inggih kinodrat kêdah kiyat anglairakên bayi, kadosdene tiyang wanan utawi tiyang ingkang gêsangipun prasasat kadosdene kewan, kacariyos anggènipun anglairakên bayi botên mawi dipun tulungi tiyang sanès, ewadene tiyang èstri wau inggih wilujêng anggènipun anglairakên bayi wau botên kêkathahên anggènipun ngêdalakên êrah. Nanging punapa tiyang èstri wau lajêng sagêt langgêng kasarasanipun, tuwin punapa bayinipun inggih kasarasan, punika sadaya botên sagêd sumêrêp. Upami ing dhusun wontên tiyang èstri anglairakên bayi dipun tulungi dhukun, sasampunipun bayi umur 5-10 dintên, biyungipun sakit, jalaran ringkih saking nglairakên bayi wau utawi infectie, dumugi tiwasipun, ing dhusun ngriku tiyang utawi prabot dhusun anggènipun lapur dhatêng lurah utawi ing kaondêranipun namung wontên tiyang èstri tilar donya, jalaran sakit bêntèr utawi sanès-sanèsipun kemawon, botên mangrêtos,

--- 1306 ---

yèn tiyang èstri wau badanipun risak, jalaran anglairakên bayi kataman infectie utawi saking ringkihipun punika.

Mila manawi tiyang èstri ingkang wrawat dipun anggêp sampun kinodrat mangsanipun bayi lair lajêng botên prêlu dipun tulungi, punika têmtunipun tumrap tiyang limrah botên tumindak, tandhanipun manawi wontên tiyang èstri wawrat lajêng nglairakên bayi dadakan botên ngantos kêbujêng dipun tulungi dening dhukun utawi Vroedvrouw, anggènipun gugup, gègèr, tiyang sagriya botên kenging dipun paibên, kenging punapadene ingkang wawrat prêlu kêdah dipun priksa dening dhoktêr utawi Vroedvrouw, punapa kuwatos manawi wontên sangkala.

Sajatosipun pancèn inggih makatên, tiyang èstri ingkang wawrat punika sagêd manggih sabab warni-warni, ingkang botên prêlu kula aturakên ing ngriki, namung sabab ingkang asring wontên ing lêbêt pranakanipun ingkang ngandhut bayi wau, sagêd nukulakên ewahing kasarasanipun biyung sarta sagêd ambêbayani. Sanajan dhoktêr sagêd ambudidaya murih sarasipun biyung wau, nanging botên mêsthi, langkung-langkung yèn sampun kasèp, mila inggih prêlu sangêt tiyang wawrat kapriksakakên dhoktêr.

Sanajan botên asring, namung kala-kala, supados sagêd kasumêrêpan manawi wontên sababipun, awit tiyang ingkang wawrat asring botên kraos utawi botên rumaos sakit.

Dhoktêr punika botên ngêmungakên panjampènianjampèni. tiyang sakit bêntèr, watuk, nuntak-nuntak, ambêgan sêsêg utawi nulungi ingkang tatu ngêdalakên êrah kemawon, nanging ugi dipun têdhani pitêdah utawi panimbang warni-warni tumrap panjaginipun sêsakit utawi sanèsipun. Manawi ingkang wawrat wau botên wontên sababipun punapa-punapa, prêlu sabên enjing sontên kêdah ngebahakên badan (mlampah-mlampah) supados lampahipun êrah sagêd sae lan ajêg.

Wontên pitakenan, punapa tiyang èstri wawrat ingkang jalêr sagêd nanggêl kawilujênganipun ingkang èstri wau. Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Kawontênan ing Tiongkok

Adêging pabarisan Tiongkok kêrêp kêdhêsêg dening panêmpuhipun Jêpan, nanging sanadyan makatêna, sakêdhap kemawon sampun pulih malih, kados pêpindhaning kalonging toya mili, botên katingal tabêtipun.

Pandhêsêging wadya Jêpan ing Tiongkok sisih lèr, saya adamêl kasamaranipun Ruslan, mila lajêng wontên wartos bilih Ruslan lajêng pacak baris sêsarêngan kalihan wadya Monggole jawi, ingkang adêging pabarisanipun angajêngakên dhatêng Jêpan. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika nandhakakên bilih Monggole wau ugi ambiyantu

--- 1307 ---

dhatêng Tiongkok. Malah wontên wartos malih, kawontênanipun Tiongkok tuwin Ruslan punika sampun gêgandhengan tunggil damêl, kanthi iyêging rêmbagipun para pangajêng paprangan. Nanging manawi dipun manah kawigatosanipun, tumrapipun Ruslan punika inggih jalaran saking nyantosani pabarisanipun piyambak, ingkang prêlu kangge anjagi kasamaraning praja.

Kados sampun layak manawi paprangan punika saya dangu saya damêl karepotanipun ngrika-ngriki, saya malih tumrap kabêtahan dêdamêl sapanunggilanipun, punika wontênipun kêdah wontên êjog saking jawi, awit manawi botên makatên, kadospundi anggènipun sagêd paprangan ngantos dangu, dening wontênipun obat mimis namung sarwa wutah. Ingkang makatên wau lajêng kenging kangge pêpiridaning têtandhingan. Tiongkok pinanggih mênang blabag, sabotên-botênipun tiyang mênang blabag punika inggih badhe mênang tanggon. Beda kalihan Jêpan, dhatêngipun ing ngriku nama nglurug, ingkang kêdah sarwa kathah waragadipun, dados sanadyan mênang ing tandang, inggih kêpêksa adamêl rêkaos. Ing mangke kosokwangsulipun, sarêng ngèngêti bab wontênipun jog dêdamêl wau, Tiongkok lajêng pinanggih supêk, amargi pinanggih wontên salêbêting kêpangan, ing lautan sampun kèbêkan barisaning mêngsah. Mila Tiongkok sagêdipun angsal jog dêdamêl, kêdah sarana pados margi ingkang sêpên ing pakèwêd.

Miturut wartos, lêbêting dêdamêl dhatêng Tiongkok ingkang saking sajawining praja kapêndhêtakên margi mêdal Haipong, saking ngriku lajêng kakintunakên mêdal sêpur Yunan, lajêng dhatêng Tiongkok.

[Iklan]

Sarêng wontên tindak makatên punika, kapal-kapal pêrang Jêpan sami migatosakên sangêt dhatêng kawontênaning margi-margi wau, kanthi kawontênakên pajagèn kêncêng, sampun ngantos sagêd kalêbêtan dêdamêl malih.

Raosing manahipun ingkang sami paprangan namung saya mindhak-mindhak muntab ing manah, sadaya namung daya-daya tumuntêna sagêd numpês mêngsahipun. Nanging bab pêrangan punika botên sagêd lajêng rampung samantên kemawon, sanadyan rêrêmpona pisan, inggih kêdah mawi antan-antan. Dene ingkang nama wêwigatoswigatos. tumraping para prajurit, botên wontên sanès kajawi namung kêdah apawitan purun tuwin labuh nagari. Ingkang makatên wau tumraping para pangagêng ugi tansah nindakakên, malah Jendral Syang Kai Sèk mêntas mêdhar sabda, ingkang suraosipun: tumrap unggulipun Tiongkok, punika sarananipun botên sanès, namung manawi bôngsa Tionghwa purun bêbantên jiwa nglangkungi ingkang sampun. Tandanging wadya Tiongkok ing wêkdal punika adamêl gawokipun tiyang sadonya, katitik anggènipun sami kêndêl tuwin gagah, mila sasagêd-sagêd sampun ngantos [nga...]

--- 1308 ---

[...ntos] gadhah pangajêng-ajêng pitulunganipun nagari sanès. Wêkasaning wêdhar sabdanipun Jendral Syang Kai Sèk, sagah badhe mandhegani para wadya Tiongkok ing madyaning paprangan, ngantos dumugi kawêkasanipun, inggih badhe abêbantên sariranipun piyambak.

[Grafik]

Gudhang punapadene pabrik ing sapinggiring sunglon lèpèn Yangste ing Syanghai, nalika kêbêsmèn.

Kajawi punika, tumrap golongan Tiongkok sanèsipun, kados ta gupêrnur ing Santung, Han Pusu, ingkang dipun samarakên ambalik, sapunika anggolong babarpisan dhatêng parentahing Nanking. Makatên ugi pangajêng wadya Kwangsi, Lisungyèn, ingkang ing ngajêng mêngsahipun agêng Jendral Syang Kai Sèk, suka sumêrêp dhatêng parentah Nanking, bilih wadya Kwangsi cacah 200.000 sampun sumadhiya badhe bidhal dhatêng Syanghai utawi dhatêng Tiongkok sisih lèr. Sadaya punika nandhakakên bilih adêging barisan Tiongkok badhe saya kiyat, tuwin katingal manunggilipun bôngsa.

Manawi tumrapipun Jêpan, punapa lêlampahan ingkang pinanggih ing Tiongkok sakalangkung dipun pindêng, tuwin wontên-wontên kemawon rekadayanipun. Kados ta mêntas wontên kapal pêrang Jêpan anyêlaki kapal pêrang Amerikah Augusta. Ing ngriku adamêl kasamaranipun kapal pêrang ingkang dipun cakêti. Tumrap wadya Tiongkok ing dharatan, ajrih nglêpasi mriyêm, amargi labuhing kapal pêrang wau cakêt kalihan kapal pêrang Amerikah. Nanging kosongwangsulipun, kapal pêrang Jêpan malah nglêpasi dhatêng dharatan. Pinanggihipun namung damêl pakèwêd.

Kados makatên ubad-ubêding paprangan ing Tiongkok.

--- 1309 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

S.R.I. nyêbar suwara sadonya. Miturut wartos, benjing tanggal 24 wulan punika, S.R.I. badhe nyêbar suwara lagu Jawi saking Kraton Surakarta lumantar zender dhatêng saindênging jagad. dene gêndhing ingkang badhe dipun giyarakên wau Srikaton tuwin Larasmaya.

Pabrik tênun Cibunar. Pabrik tênun Cibunar, gadhahanipun Tuwan Tjiong Boen Hok Tjisaat, sampun sagêd nyukani padamêlan dhatêng tiyang 1000. Botên dangu pabrik wau badhe kabikak kanthi paargyan ingkang mawi ngatur-aturi para pangagêng tuwin pers.

Têtêpan asistèn residhèn. Miturut wartos, tuwan A.C.M. Jansen, controleur ing Probolinggo, dados asistèn residhèn ing Jombang. Tuwan Dr. J.R. Lette, asistèn ter beschikking ing Gupêrnur Jawi Kilèn, dados asistèn rèsidhèn ing Klathèn. Tuwan A. Deeleman, controleur ing Bêsuki, dados asistèn residhèn Magêtan. Lowongan asistèn residhèn ing Tasikmalaya, Garut tuwin Bogor, ingkang katêtêpakên anggêntosi Tuwan-tuwan C.F.H. Gobel, G.A. de Stoppelaar tuwin J. Ch. de Klerk

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Suhodo Gondosasmito, asistèn wêdana Gabus, distrik Kayên Kabupatèn Pati, Paresidhenan Jêpara-Rêmbang, kapindhah dhatêng Paresidhenan Pêkalongan. M. Slamêt, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Gêbog, Kabupatèn Kudus, Paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi Paresidhenan Jêpara-Rêmbang. M. Adi, juru sêrat klas 1 kantor Paresidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi Paresidhenan Sêmarang.

Ewah-ewahan waragad post. Miturut tatanan enggal, waragad post kathah mandhapipun. Ingkang pêrlu kasumêrêpan: Tumrap sêrat ingkang nunggil sakitha, dumugining wawrat 160 gr. sabên 20 gr. 5 sèn. Tumrap dhatêng panggenan sanès nagari, dumuginipun wawrat 20 gr. 10 sèn. Dhatêng nagari Walandi tuwin tanah ngamanca, dumuginipun wawrat 20 gr. 15 sèn, langkungipun saking samantên sabên 10 gr. 10 sèn. Sêrat cap-capan tumrap tanah ngriki tuwin nagari Walandi lumantar post sagantên dumugining wawrat 500 gr. 2 sèn. Sêrat kabar tumrap tanah ngriki dumugining 55 gr. 1 sèn. Document, kados pêpetanganipun sêrat cap-capan tumrap tanah ngriki tuwin nagari Walandi, sakêdhik-sakêdhikipun 10 sèn. Postwissel, dumugining f 5.- tumrap tanah ngriki 5 sèn, f 5.- dumugi f 25.- 10 sèn. Telegram, tumrap telegram limrah, tumrap satunggaling laladan, satêmbung 25 sèn, kawêwahan waragad têtêp sabên sakintunan 25 sèn. Ingkang dipun wastani laladan wau tumrap laladan 1, punika: tanah Jawi, Madura, Bali tuwin Lombok. Laladan 2, punika Sumatra, Borneo sisih kilèn tuwin Riow salaladanipun. Laladan 3, punika laladan tanah ngriki sanès-sanèsipun.

Sêsêbutan Radèn tuwin Tubagus. Ing Jawi Kilèn kathah tiyang ingkang gadhah panuwunan nyuwun sêsêbuta Radèn tuwin Tubagus, kathah ingkang kalêksanan, tuwin inggih kathah ingkang botên. Tumrap ingkang botên wau jalaran saking kirang cêtha pandamêling salasilah.

Vrachtauto nrajang griya. Sampun sawatawis dintên wontên vrachtauto momot barang, nalika mlampah wontên ing dhusun Glundhung, Wonosobo, lampahipun numbuk griya kalih, ing salêbêtipun griya wontên tiyangipun cacah 13, sami tiwas kêtrajang lampahing auto wau. Vrachtauto wau gadhahanipun bangsa Tionghwa ing Parakan.

[Iklan]

Congres Nahdatul Ulama. Miturut wartos ing taun punika Nahdatul Ulama badhe ngawontênakên congres manggèn ing Menes. Kintên-kintên dhawah ing wulan Bêsar ngajêng punika.

Manggih kuburan kina. Sampun sawatawis dintên, tuwan tanah ing Pamanukan akèn ambukak wana badhe kangge sabin. Ingkang dipun bubak punika wana agêng ing watês Pamanukan dumugi Kalisèwu, Kabupatèn Indramayu. Ingriku wontên kuli tiga ingkang babad manêngah manggih maesan kina wontên sêratanipun Jawi sampun lamat-lamat. Sarêng dipun gothak-gathukakên wontên èmpêripun mungêl Pangeran Astra Mêlaya, inggih punika pangeran ing Cirêbon, ingkang pinanggihipun wontên ing dêdongengan rumiyin pêrangan wontên ingriku lajêng tiwas, tuwin taksih wontên dêdongengan sanèsipun ingkang sagêd gathuk kalihan pangintên wau.

Nglajêngakên pasinaon dhatêng Bestuursacademie. Wontên wartos tumrap karajan Jawi Surakarta, sampun ngrancang abdi dalêm pangrèh praja ingkang badhe kadhawuhan nglajêngakên sinau dhatêng Bestuursacademie ing Bêtawi ingkang badhe kawontênakên benjing wulan Agustus ngajêng punika. Kasêbut ing rancangan, abdi dalêm pangrèh praja ingkang kapilih wau, R.Ng. Sumosutikno, wêdana ing Jatinom, R.Ng Projosomarno, wêdana ing Banyudono, R.M.Ng. Cokrokusumo, wêdana ing Sukaharjo, R.Ng. Prawirosuprapto asistèn wêdana têr beschikking, tuwin taksih wontên malih ingkang gadhah panyuwun. Sadaya wau sami wêdalan ing Besstuursschool.

Pabrik tênun ing Têgal angsal rêmbag. Wontên wartos, Prof. Dr. Ir. Wisseling maha guru pamulangan luhur ing Rotterdam badhe datêng ing tanah Jawi, pêrlu badhe rêrêmbagan kalihan pangagênging pabrik tênun ing Têgal, manawi sagêd ing tanah Jawi badhe dipun wontêni pabrik bênang, dados botên gumantung nagari sanès.

Congres P.P.I. Permusyawaratan Perguruan Indonesia mêntas ngawontênakên congres wontên ing Soos Mangkunagaran, dhawah tanggal 1 dumugi tanggal tanggal 3 wulan punika. Kathah ingkang sami migatosakên rawuh. Ingkang dados pangarsa K.R.M.H. Wuryaningrat, mudha pangarsa Tuwan S. Sutopo Hadisaputro, panitra Tuwan Sutejo, artaka Tuwan Padmowiriyo, pambantu Tuwan-tuwan Têguh, Sukirso tuwin Joyoprayitno. Pamulangan-pamulangan ingkang anggolong dhatêng P.P.I. punika wontên 24 pamulangan. Ing congres ngriku kawontênakên tentoonstelling barang dêdamêlan tangan saking para murid sêkolah. Kathah ingkang angsal sêrat pangalêmbana. Ing congres ngriku kawontênakên rêmbag warni-warni ingkang magêpokan kalihan pêrluning pakêmpalan.

--- 1310 ---

Tiyang sagriya sami kêlêbêtan racun. Ing dhusun Gunung Simping, Cilacap, wontên tiyang sagriya sami kalêbêtan racun. Wontên tiyang ingkang tiwas 4, sakit sangêt 3. Saking pamanggihipun pulisi ingkang mriksa, ngintên manawi jalaran saking sami mêntas nêdha tape pohung, ingkang mawa blauwzuur, sisaning tape ingkang dipun têdha lajêng dipun pêndhêt kangge bukti saha badhe dipun priksa.

Ambiyantu pakaryan alit. Miturut rêmbaging para ambtenaar Economische Zaken kalihan pangagêng nagari Surabaya, badhe ambiyantu murih majênging pakaryan alit. Dene ingkang sampun kalêbêt ing rancangan: pakaryan damêl banon ing saurutipun lèpèn Brantas, damêl rèk jêklekan tuwin damêl dilah tèmplèk ing Ngunut, tênun ing Grêsik tuwin pakaryan damêl sandhal ing Madiun, Magêtan tuwin sanès-sanèsipun.

Congres P.K.S. Kala tanggal 4 tuwin 5 wulan punika, P.K.S. sampun kalampahan ngawontênakên congres manggèn ing Habipraya, Surakarta. Sadhiyan kursi namung sèkêtan, amargi sadaya sami lênggah lesehan. Manut cathêtan, wakil-wakil pakêmpalan ingkang dhatêng wontên 49, wakil pers 11, tamu sadaya kirang langkung wontên 3000 tuwin tamu K.R.T. Dr. Wedyadiningrat. K.R.T Mr. Wongsonagara, punapadene wakil P.K.N. Parêpatan sasampunipun kabikak lajêng miwiti mêdhar sabda, inggih punika Nyonya Sukiyati, mratelakakên ing bab adêgipun P.K.S. ngatos dumuginipun sapunika, lajêng panitra maos têtêpan warga pangrèh miturut swara pamilih. Salajêngipun nampèni wêdhar sabdanipun Tuwan Sutejo ing bab pangajaran, lajêng R.M. Mr. Suryadiningrat, ing bab anggènipun lêlana dhatêng tanah Asia. Jam 12.15 parêpatan katutup.

Griya miskin ing Cirêbon. Pangajênging Asib. ing Cirêbon gadhah sêdya badhe damêl griya miskin, prêlu badhe kangge mapanakên têtiyang pêpariman ingkang wontênipun ing Cirêbon sakalangkung kathah. Sêdya punika kalampahan angsal kadarman pemahan lêlahanan saking Tuwan Syamsudin wontên sacêlakipun pasisir saha sampun kawiwitan damêl griyanipun. Samangsa sampun rampung panggarapipun lajêng badhe nyêpêngi têtiyang ingkang sami pêpariman wau. Tumrap tiyang ingkang asli saking nagari sanès, badhe kawangsulakên dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Wontênipun ing griya ngriku, têtiyang wau sami kapurih nyambut damêl padamêlan tangan. Ing sabên dintênipun angsal arta 4 utawi 5 sèn. Minangka waragadipun badhe angsal arta saking kas dhusun f 6000.- ing dalêm sataunipun.

Murid-murid tani badhe kakintunakên dhatêng Lampung. Dèrèng dangu Edeleer Kuneman mêntas tindak dhatêng Lawang dipun dhèrèkakên residhèn Malang, prêlu mriksa kawontênaning murid-murid tani ingkang badhe kakintunakên dhatêng Lampung. Kajawi punika ugi rawuh mriksani dhatêng têtanèn ing Kêtinggang, ingkang ingriku kathah para neneman ingkang sami dipun wulang têtanèn. Miturut wartos, kajawi para murid wau ugi wontên têtiyang saking golongan sanès ingkang badhe tumut ngêtêrakên.

Ewah-ewahan punggawa Nagari. M. Suparwi, Gouvernementsveearst, ingkang nindakakên padamêlan wontên Provincie Jawi Têngah, manggèn ing Têgal, kapindhah dhatêng Sumbawabêsar. Ir. M. Suwandono, houtvester, katêtêpakên manggèn ing kantor Boscbeheerder ing Sumatra Pasisir Wetan. Tuwan Sucipto, boschopzichter, kapasrahan nyêpêng wêwêngkon Paliyan, manggèn ing Paliyan.

Saening sêpur S.S. mindhak. Ing sapunika tumrap sêpur S.S. klas 1 tuwin 2 sampun kathah indhakipun, sarana ewah-ewahan ingkang mikantuki, nanging sawêg tumrap sêpur snel. Makatên ugi tumrap sêpur dalu, ugi sampun wontên ewah-ewahanipun tumrap klas 1 tuwin 2. Sadaya wau sarwa mikantuki tumrap têtiyang ingkang sami badhe kêkesahan.

Kasangsaran motor mabur. Kawartosakên, kala malêm Rêbo kêpêngkêr wanci jam 9.30 motor mabur Marine T. 16 tuwin T. 13 ingkang anggêgana saking Tanjungpriok dhatêng Surabaya badhe mandhap, jalaran wontên sabab, kalêrês wontên sanginggiling Tanjung Awar-awar, pasisir lèr tanah Jawi, amargi botên sagêd mandhap wontên ing papan sanès, dening kawontênanipun hawa ingriku kirang sae. Ing kala punika motor mabur T. 13 wontên sacêlakipun T. 16 dhawah mangandhap kados dipun sipat. Punapa ingkang andadosakên sababipun pinanggih makatên wau, botên kasumêrêpan. Sadaya ingkang numpak kakintên sami manggih tiwas. Motor wau pinanggih ngambang. Sarèhning kamaripun motor mabur wau sampun mlêngkung babar pisan tuwin karêndhêm ing toya, mila pakèwêt anggènipun nindakakên papriksan. Ingriku lajêng wontên pitulungan ingkang katindakakên dening baita-baita pamisayan ulam tuwin motor mabur. Kapal pirantos ambucal torpedo Rigel tuwin kapal pirantos nyingkirakên torpedo "B" lajêng dhatêng têtulung, salajêngipun kapal sanès-sanèsipun lajêng nusul bidhal. Wontên motor mabur 6 ingkang lajêng madosi têtiyang ingkang sami kasangsaran, ingkang kintên-kintên taksih sagêd katulungan. Ing motor mabur ingkang kasangsaran wau dipun tumpaki kapitein ter zee H.G. de Bruyne, commandant Marine Luchtvaartdienst, kajawi punika wontên malih officier M.S.D. 1e klasse Uurbanus, officier-vlieger Vethake, sergeant-vlieger Spronk, korporaal-vlieger Plevier, militie-matroos de Groot tuwin Zuyderhoudt tuwin vliegtuigmaker Rute tuwin Goedhardt.

Lampah anggêgana saminggu kaping tiga sampun dumugi tanah ngriki. Motor mabur Torenvalk ingkang miwiti anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki saminggu kaping tiga, sampun dumugi ing Bêtawi, wilujêng botên kirang satunggal punapa, namung sarèhning dumuginipun ngriki nyarêngi kasangsaranipun motor mabur Specht, dumuginipun ing pundi-pundi botên mawi dipun paargya punapa-punapa.

Ama klapa ing bawah Kutoarjo. Ing dhusun Kêndhalrêjo, onder distrik Pituruh, distrik Kêmiri, wontên wit klapa kirang langkung 3000 sami katrajang ama ulêr brachartona. Salajêngipun dipun dhatêngi Landbouwconsulent saking Kutoarjo badhe naggulangi sêsakit wau kanthi migunakakên jampi pyrethrum.

NAGARI WALANDI

Minister President Colijn angsal bintang saking Tiongkok. Miturut wartos saking Den Haag, parentah Tiongkok angganjar bintang dhatêng Minister President Colijn awarni Grootkruis van de Orde van de Jade, bintang wau pinatik ing sêsotya.

Sri Bagenda Maharaja Putri sampun sênggang. Sampun sawatawis dintên kawartosakên bilih Sri Bagenda Maharaja Putri gêrah. Ing sapunika wontên wartos gêrah dalêm sampun sênggang. Malah kala ing dintên Sabtu kapêngkêr sampun sagêd anjumênêngi paargyan ingkang dipun wontênakên dening para mudha 30 ing Apeldoorn.

EROPA.

Madrid dipun bom malih. Miturut wartos kitha Madrid mêntas dipun bom malih wiwit jam 7 enjing ngantos dumugi jam 11. Bom-bom wau ingkang katha dhawah wontên ing têlênging kitha, kathah kasangsaran tuwin karisakan. Gunggungipun tiyang ingkang kasangsaran dèrèng kasumêrêpan.

Jêrman botên purun ngêmohi barang Jêpan. Miturut wartos, parentah Jêrman botên nayogyani ing bab tumindakipun angêmohi barang-barang Jêpan, amargi tumrapipun Jêrman botên migunani punapa-punapa. Malah ing sasagêd-sagêd ing salêbêtipun wontên pasulayan punika sampun ngantos Jêrman manggih sabab punapa-punapa ingatasing gêgayutanipun kalihan Tiongkok tuwin Jêpan.

--- 1311 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya

21

Kapal wau kadosdene mangrêtos punapa ingkang dados pikajênganing bêndaranipun, saha lajêng ambêngingèh, sarta anggobag-gabigakên êndhasipun, Ilya lajêng dhatêng ing gêdhogan malih. Wontên ing ngriku piyambakipun amanggih: endhong, pangangge waja tuwin pêdhang sakawan iji. Pangangge waja wau lajêng dipun êngge, saha nitipriksa pêdhang sakawan pundi ingkang taksih sae. Ingkang satunggal dipun cêpêng sarta dipun bêngkêlukakên ing tanganipun ingkang sakalangkung santosa. Pêdhang waja ingkang kiyat wau, sakala punika tugêl dados kalih. Pêdhang ingkang ôngka kalih ugi kacobi makatên, botên beda kalihan ingkaingkang. ôngka satunggal, ugi lajêng tugêl dados kalih. Makatên ugi pêdhang ingkang ôngka tiga. Namung pêdhang ingkang ôngka sêkawan, sanajan dipun bêngkêlak-bêngkêlukakên ngantos rambah-rambah, botên tugêl, pêdhang wau lajêng kacanthèlakên ing lapaking kapalipun. Sasampunipun makatên, Ilya lajêng mêndhêt plepetan waja sawatawis ingkang nuntên kadamêl jêmparing ingkang kalêbêtakên ing endhong wau, kajawi punika piyambakipun ambêkta gandhewa, towok, tuwin gada waja.

Sasampunipun rampung pasadhiyanipun, Ilya lajêng murugi tiyang sêpuhipun, ngarih-arih nêdha brêkah nêdya nindakakên punapa ingkang dados sêdyanipun, tuwin gadhah pangajêng-ajêng, mugi-mugi tiyang sêpuhipun botên ngalang-alangi piyambakipun nilar griyaning tiyang sêpuhipun wau. Makatên mênggah aturipun Ilya dhatêng tiyang sêpuhipun:

Bapak tuwin ibu, ingkang salami-laminipun dados pêpundhèn kula wontên ing donya punika, mugi-mugi krêsa paring palilah tuwin brêkah nilar panjênêngan sakalihan. Sêdya kula badhe dhatêng kitha karajaning praja Ruslan, inggih ing Kiyèph, ingkang namanipun kawêntar ing saindênging bawana. Mênggah prêlu kula badhe sowan dhatêng Sang Prabu Wladhimir, nyuwun supados sagêda ngawula ing ngarsa nata, anglawan dhatêng sadaya mêngsahipun praja Ruslan, tuwin andhèrèk anjagi kawilujênganing agami kula sadaya, sampun ngantos manggih rubeda saking para nyêmbah brahala.

Bapakipun amangsuli kirang langkung makatên: Kanthi sênênging atiku aku sakloron nêdya awèh brêkah nyang kowe pujiku muga-muga kinabulna kêkarêpanamu kang utama kuwi mau. Nanging kosokbaline yèn kowe anduwèni tindak kang nyêbal karo kautaman, aja pisan-pisan kowe ngarêp-arêp marang brêkahku. Tak sêsuwun marang Ingkang Kuwasa, supaya kowe aja nganti anduwèni tindak kang dosa, aja pisan-pisan dhêmên mêmatèni titah kang tanpa ana lupute, aja wani-wani ambalela utawa anduwèni sêngit marang ratu sêsêmbahanamu, lan sabisa-bisa aja nganti matèni wong kang tunggal agama karo kowe.

Ilya andhingklukakên sirahipun ngantos mèh dumugi ing siti, sarta ngaturakên gênging panuwunipun dhatêng tiyang sêpuhipun kêkalih. Nuntên lumêbêt ing gareja, sarta nuntên prasêtya kirang langkung makatên:

Kula prasêtya nêdya kesah dhatêng Kiyèph, lan salami-laminipun nêdya ambujêng dhatêng kautamèn, sanadyan kula ngantos dhawah ing tiwas. Salêbêtipun kula nuju dhatêng Kiyèph, kula botên nêdya ngêculakên jêmparing kula, botên nêdya ngêmpakakên towok kula, punapadene botên nêdya andhawahakên gada kula dhatêng sintêna kemawon. Ingkang kula pêndêng ngêmungakên sagêdipun kula dumugi ing Kiyèph, angadhêp Sang Prabu Wladhimir. Mugi-mugi ing salêbêtipun kalih têngah jam kemawon, kula sampun sagêd sowan wontên ing kadhatonipun sang nata.

Ilya lajêng mêndhêt siti sajumput, kabuntêl ing mori, ingkang kagandhul-gandhulakên ing gulunipun minôngka kangge amèngêti ing papan padununganipun. Sasampunipun nuntên dhatêng ing lèpèn Okah. Wontên ing ngriku piyambakipun ambucal roti sakêdhik kanthi awicantên makatên: Kula matur nuwun ibu: Okah, dene salaminipun kula wontên ing ngriki panjênêngan tansah paring toya dhatêng kula, minôngka kangge panggêsangan kula punika.

Sasampunipun makatên, Ilya lajêng andhêngklukakên sirahipun dhatêng keblat sakawan, nyengklak kapalipun, saha lajêng nilar dhusunipun.

9. Ilya angluwari Cèrnigoph

Tansah kanthi bêbandhangan lampahipun, Ilya nuju dhatêng Kiyèph, kitha padununganipun Sang Prabu Wladhimir, inggih punika satunggiling nata ingkang [ing...]

--- 1312 ---

[...kang] tansah dados angên-angênipun Ilya. Mênggah ingkang kados gêgambaranipun Ilya, mendah ngêngrêng punapadene saenipun, saupami sagêd tumut angadhêp Sang Prabu Wladhimir kalanipun lênggah ing dhampar kanthi ingadhêp ing para mantri bupati, para pangeran, satriya tuwin para prajurit, ingkang sampun sami kaloka mênggahing kaprawiran sarta kadibyanipun.

Sarêng dumugi ing satêngahing margi, dumadakan kapalipun wau dhawah, sabab ing kala punika ing ngandhaping tracak kapal ujug-ujug mêdal tukipun. Ilya enggal-enggal mandhap saking kapalipun, mancas panging uwit cêmara ingkang nuntên kadamêl cawangan saha ingkang lajêng kacoblosakên ing bolongan tilas tracak kapal ingkang mêdal tukipun wau. Ing cawangan punika dipun sêrati makatên: sing liwat ing kene iki: Ilya, anake wong tani lan prajurit nagara Ruslan. Lan miturut cacriyosanipun, dumugi sapriki cawangan damêlanipun Ilya wau, samangke taksih, sarta ing ngriku dipun wontênakên gareja alit.

Ngantos dumuginipun sapriki, êtuk wau taksih mêdal toyanipun ingkang mili dados lèpèn alit, sarta dados papan pangombenipun sato galak ing wana ing wanci dalu. Malah wontên ingkang nyariyosakên: tiyang sayah manawi ngombe toya ing ngriku sanalika sagêd ical sayahipun wau.

Salajêngipun, Ilya nuntên anglajêngakên lampahipun, lan sakêdhap kemawon sampun dumugi ing sangajêngipun kitha Wèrnogop. Nanging sangajênging bètèng kitha Ilya sumêrêp prajurit tanpa wicalan cacahipun, ngantos rumaosipun Ilya, katingal cêmêng dening kathahing mêngsah ingkang ngêpung wakul baya mangap kitha wau. Mênggah nyatanipun, ing kala punika wontên putra nata tiga ingkang sami sarujuk nêdya anggêbag kitha Wèrnogop, satunggil-satunggilipun ambêkta prajurit cacahipun kawan dasa èwu, ingkang sami patohan ing ulah pêrang.

Sarêng Ilya sumêrêp mêngsah samantên kathahipun wau, nêpsunipun kagila-gila. Rahipun sanalika minggah ing sirah sarta kêpengin enggal-enggal nyandhak dêdamêlipun nêdya soroh amuk. Mênggah pangudaraosipun makatên:

Aku iki ora sênêng saupama nêrak kang dadi wêwalêre bapak. Nanging aku ora bisa yèn nganti sumurup ana mungsuh nêdya ngrusak salah sawijining kutha ing praja Ruslan kene. Sêmune têka mung gampang bae aprajangji kuwi, nanging ora ajêg gampange anêtêpi janjine mau. Ing sarèhning Ilya sampun prasêtya, botên nêdya nglêpasakên jêmparingipun, botên nêdya ngêmpakakên towok tuwin gadanipun, sadèrèngipun dumugi ing Kiyèph, amila piyambakipun inggih nêdya anêtêpi prasêtyanipun wau. Salajêngipun, Ilya ningali mangiwa manêngên, bokmanawi piyambakipun sagêd amanggih dêdamêl sanèsipun, nanging tanpa damêl, sabab botên wontên dêdamêl sanès kajawi ingkang dipun bêkta punika, ing wusana Ilya lajêng murugi satunggiling wit agêng, ingkang kacandhak mawi tangan kalih. Wit wau saking agêngipun, ngantos tiyang tiga bokmanawi botên sagêd ngangkat. Nanging dening Ilya wit agêng wau sagêd kabêdhol piyambak kemawon. Salajêngipun ngobat-abitakên wit punika, Ilya lajêng anêmpuh dhatêng sakathahing mêngsah ingkang ngêpung kitha Wèrnogop wau. Atusan para prajurit ingkang dhawah sirna jalaran kasêmpyok utawi kataman ing wit agêng wau, ing wusana lajêng bibar sami salang tunjang anggèning ngupados gêsang. Sarêng putra nata tiga sumêrêp wontên prajurit soroh amuk wau sarana ambêkta dêdamêl kajêng agêng wau, ajrih lan kagètipun tanpa upami. Ing kala punika Ilya ngumbulakên dêdamêlipun kajêng agêng wau, sarta awicantên dhatêng pangeran tiga punika makatên:

He, para pangeran kang ora duwe duga prayoga, gèk kowe padha tak kapakake, apa kowe kabèh kudu tak cêkêl, apa kowe kêpengin dak tigas gulumu. Yèn kowe tak cêkêla, kaya-kaya ora ana prêlune, sabab aku ora duwe panggonan sing kêna kanggo nawan kowe têtêlu, amrih kowe bisa anggagas marang panggawemu sing kêliru iku. Dikon nigas gulumu, aku iya êmoh, awit kowe isih ênom sarta kurang wawasanamu. Mulane bêcik kowe tak mardikakake bae, supaya kowe kabèh bisa padha mulih nyang panggonamu dhewe-dhewe, lan bisa wara-wara nyang nagaramu kana, yèn praja Ruslan kene kiyi tansah jinaga kanthi santosa, aja pisan-pisan ana mungsuh wani anêmpuh ing kutha jajahan Ruslan kene, awit ora wurung mêsthi bakal disirnakake dening para prajurit kang kondhang mungguh ing kadibyane. Lan poma, aja wani-wani amêmatèni golongan wanita ing praja Ruslan, awit pamalêse bakal tanpa wangênan.

Ing sêmu putra raja têtiga wau katingal ajrih sangêt dhatêng satriya ingkang soroh amuk, sarta ingkang tansah ngobat-abitakên kajêng ingkang kadosdene badhe kadhawahakên dhatêng sintêna kemawon ingkang nêdya bôngga. Sakala punika ical pangajêng-ajêngipun anggèning badhe angsal jarahan kathah, lan salajêngipun kanthi manut miturut nêdya nilar ing paprangan ngriku. Nanging pangeran têtitaga wau dèrèng ngantos suka parentah dhatêng wadyabalanipun supados tumuntên mundur, wadyabalanipun ing kala punika sampun sami salang-tunjang lumajêng rêbat gêsang.

Kanthi sangêt prihatos putra raja têtiga wau sami kesah saking ngriku, luhipun trocosan tanpa wontên kèndêlipun. Awit mênggahing panggraitanipun: mendah dukanipun ingkang rama, manawi sami mirêng, bilih putra-putranipun sami wangsul tanpa ambêkta jarahan. Langkung malih dukanipun nata têtiga, ingkang ramanipun para pangeran têtiga wau, manawi mirêng, bilih ingkang ngasorakên prajurit samantên kathahipun wau, jêbul namung prajurit satunggal, inggih punika satriysatriya. ing Ruslan. Saking dukanipun ingkang rama, botên sande pangeran têtiga wau, tamtu lajêng sami kalêbêtakên ing kunjara pêtêng. Lan ingkang tamtu, dukanipun wau botên namung dumugi samantên kemawon, nanging lajêng sumrambah dhatêng sintêna kemawon, ingkang kumawani anyakêt dhatêng sang nata. Badhe kasambêtan.

--- 161 ---

No. 42, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Bocah-bocah, nalika dina Kêmis tanggal 7 October, aku tampa layang saka Uncle Sum. Box 405. Singapore, dene surasane layang mau anêpungake karo Bu Mar, lan uga njaluk diaku kêponakan. Sarèhne Singapore ing doh kana, doh kene, dhèwèke kêpingin layang-layangan karo para sêdulur ing tanah Jawa kene, lan yèn ana sing gêlêm kêpengin ijol-ijolan prentbriefkaarten, postzegels lan tijdschriften. Lan supayane Uncle Sum ora kadhêndha yèn nèmplèki postzegel, upama layang têtêpungan 15 sèn, briefkaart 10 sèn, prentbriefkaarten 3 sèn, postblad ora kêna.

Utami p/a S.O.I. Kêdiri. Bangêt panrimaku kokirimi layang pitêpungan lan uga isi karangan lêlucon. Karangan dêdongengan kang arêp kokirimake, dak arêp-arêp bangêt.

Siti Suprapti c/a M. Jayusman Ass.- Wêdono Binangun (Kroya). Layangmu wis daktampa lan surasane uga wis mangêrti kabèh, andadèkake ngêrêsing atiku. Sawise maca, aku banjur ngêtokake aluh, tansah ketokên kowe lan adhi-adhimu, kang kêmriyêk. Nanging ya wis aja tansah kopikir bae, mundhak ora bêcik kadadeane. Puluh-puluh, ya mung têkan samono anggone ngêmong kowe kabèh. Kowe bae sing pintêr ngladèni rama lan ngêmong adhi-adhimu, aja sok padha kêrêngan, kowe minangka gêntine ibumu.

S. Har, Surakarta. Gambaranmu wis daktampa kanthi bungah. Pitakonmu bab pangirime layang document, mangkono iku padha karo drukwerk, kanggo tanah Indiya sathithik-thithike f 0,10, nganti 500 gram, sabên 50 gram, 2 sèn, luwihe 500 gram, sabên 250 gram, 10 sèn.

Adie Sumini, Sukun, Ond. Pulung, Panaraga. Layangmu pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca T.B. wis daktampa, ora liya andadèkake bangêt bungahku. Kirimanmu karangan besuk Sêtu ngarêp bakal kapacak.

Sri Sasanti p/a R.M.Ng. Projokintoko. Priyambadan, Solo. Dongenganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Ti, aku ya kêpengin nyang Priyambadan, nanging durung bisa. Wah kok sênêng ya, kowe duwe kêbon pêlêm lan nanas. Nanging ya aja kêrêp-kêrêp ngêrujak, mundhak lara wêtêng, ya! Ngêpeka yèn wis matêng bae.

Mariyati p/a R. Danusubroto, Solo. Wah, bungahku tanpa upama wuwuh kêponakan kowe. Kowe arêp milu urun ngisèni T.B. kêna bangêt.

Sutapa, Karangasêm, Surakarta. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku. Panjalukmu portrète Bu Mar, ambok iya ora susah bae, kowe bae sidakna anggonmu arêp ngirimi portrèt nyang Bu Mar. Sutapa, Uncle Sum Box 405 Singapore, kêpengin têpung karo para sêdulur ing tanah Jawa.

Suwarjo, Sidarêja, Banyumas. Karanganmu lêlucon isih daksimpên, ambok iya sing sabar, Jo. Yèn kowe arêp ngirimi têmbang nganggo noot, ya gèk ndang kirimna, yèn apik, ya bakal enggal dipacak.

Dukarsi, Rêmbang. Karanganmu wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Coba gawea manèh dêdongengan liya kang luwih apik sarta lucu.

Sumirah c/o M. Joyosumitro Hulponderwijzer Klitik, Caruban. Bangêt panrimaku kokirimi layang manèh lan sukur kowe wis têpungan karo Indinan, Purwokêrto. Sarèhne saiki wis miwiti repetitie manèh, ya sing tabêri bae anggonmu sinau, supaya entuk biji apik.

Uncle Sum. Bok 405. Singapore. Andadèkake bangêt panrimaku tampa layang pitêpungan saka kowe. Kirimanmu lêlucon uga wis kêtampan. Ibumu tansah ngarêp-arêp kirimanmu karangan dêdongengan utawa liya-liyane. Yèn kirim layang Bu Mar, ambok iya nyaritakake kaanan ing Singapore. O, iya, bangêt panrimaku dhèk biyèn kokirimi prentbriefkaart. Biyèn arêp dakwangsuli, ora ngêrti jênêngmu.

R.r. Wulanhandadari Mirkuyèti p/a R.B. Sosrowardoyo. Gep. Mantri-Guru Turèn. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Yèn kowe arêp ngirimi dêdongengan, iya bêcik bangêt, tansah dakarêp-arêp.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 162 ---

POTRÈT

Mur: "Mar, dandan nganggo lênga wangi barang, arêp mênyang ngêndi?"

Mar: "Arêp potrèt."

Mur: "Arêp potrèt wae nganggo lênga wangi êntèk sagêndul!"

Mar: "Lha priye, besuk potrètku bèn mambu wangi sajêge."

Èlmu Bumi

Guru: "Lar, sing akèh kêbone ngêndi?"

Larsa: "Sabên sêkolahan kathah, pak guru."

S. Har.

__________

Min: "Din, dhèk jaranmu lara kae rak kok tambani teer ta?"

Din: "Iya, ana apa ta?"

Min: "Jaranku uga dak tambani teer, ning kok mati!"

Din: "Jaranku iya ki!"

__________

Suta: "Wah, dhèk wingi aku wêruh wong nêm nganggo payung mung siji, ning kok ora têlês."

Naya: "We la, payunge rak gêdhêm bangêt!"

Suta: "Ora ki, dhèk wingi ora udan."

Ucle Sum.

KÊMANTÊPAN

Ing sawijining pondhok pêsantrèn ana santri cacah 10. Santri-santri mau ana siji kang bodho bangêt, nanging têmên, lire apa parentahe gurune diturut sarana eklasing ati. Kanca-kancane sok ambeda marang santri bodho mau, ora beda kaya lumrahe, manawa ana wong utawa bocah kang dianggêp bodho, malah digawe gêguyon, dibeda lan sapiturute, ora malah dituntun mamrih dadi bêcike. Samono uga si santri bodho (jênênge Triman), ora ngrumasani manawa solah tingkahe kanca-kancane marang dhèwèke mau ambeda lan sapiturute. Kabèh-kabèh mung ditampa bêcik.

Ing sawijining dina kyai guru nampakake bêton (isi nangka) 10 iji marang salah sijine muride, akon supaya bêton mau dibakar, awit karêmane kyai mau bêton bakaran. Dilalah murid mau kok banjur prentah marang Si Triman, mangkene têmbunge: "Man, saka dhawuhe kyai guru, bêton iki supaya dibakar, yèn wis matêng tampakna aku manèh, aku kang ngaturake marang kyai dhewe." Triman banjur nglakoni dhawuh mau, ora ana kang disulayani.

Kyai kagèt bangêt nalika nampa bêton kari 9 iji. Êmbuh dununge, nanging cêkaking rêmbug Triman kadakwa andhêlikake bêton siji, ananging ora didhawuhake marang Triman, mung cukup dadi sumurupe kanca-kancane.

Saking bodhone Triman ora maju marang pasinaon, apa manèh babagan apal-apalan, wus ora cumanthèl, kyai kaku panggalihe, dhawuh mangkene: "Triman, wulangan kang sabên-sabên tak wulangake kowe wus kliwat kabèh, saiki kowe dakwènèhi donga kang gampang, nanging bêcik kanggo kowe, yaiku: "Veton savuluh chari shonga." Pikarêpe kyai nyêmoni "Bêton sapuluh kari sanga." Nanging bab iku ditampa dening Triman kayadene piwulang donga têmênan, diantêpi saka dhawuhing guru.

Ing sawijining dina ana banjir gêdhe, narajang pêsantrèn mau. Kyai sarta murid-murid liyane padha enggal-enggal nunggang prau nêdya ngili, amarga banyune wis tumêka ing wuwungan pondhok. Triman kari, amarga isih pêrlu diutus mènèk krambil. Barêng mudhun prau wus adoh. Triman gêmbar-gêmbor, têmbunge: "Kyai, sampeyan êntosi "Veton sevuluh chari shonga". Têmbung mangkono mau diucapake bola-bali. Si kyai wus ora migatèkake, mung cukup ngawe-awe bae, têmbunge: "Man, mrenea."

Triman lumayu ngambah ing dhuwur banyu, andadèkake gumune kabèh kang wêruh: Têmbunge "veton savuluh chari shonga." Mangkono satêruse nganti prau kêcandhak kayadene Triman ngambah ing dharatan.

Dukarsi, Rêmbang.

NDOLANI BOCAH

[Grafik]

Mungguhing bocah-bocah tanah Jawa, akèh sing wis wêruh tontonan sing jênênge reyog, yaiku jaranan kepang kang ditunggangi dening wong kanggo tontonan lan ditabuhi nganggo angklung utawa kêmong kanggo ngiring-iring pangantèn.

Mara dêlêngên gambare bocah-bocah ing dhuwur iki, dianggon-anggoni cara reyog, ketoke padha gumêdhe kaya raja sinatriya nunggang jaran arêp maju pêrang.

Dhasar brêngose gêdhe-gêdhe sakêpêl sisih, patute wani pêrang karo macan, ketoke kêndêl-kêndêl. Mung kuciwane jarane rada kagêdhèn, patute upama diênggo mlaku rada rêkasa. Nanging tumraping bocah, tindak kang kaya ngono mau malah andadèkake bungahe wong tuwane.

--- 163 ---

KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Barêng kêthèk lan bulus wis padha warêg anggone mangan gêdhang, kêthèk calathu: "Wah, kok enak têmên gêdhange mau. Bêcike ayo padha nandur dhewe, supaya bisa mangan sabên dina."

Bulus mangsuli: "Ya bêcik, dhi kêthèk."

Kêthèk banjur mènèk manèh, lan mêthik tuntut gêdhang karo calathu: "Na, iki kang arêp daktandur."

Bulus calathu: "Aku ora bisa mènèk, mulane ya thukulan wit gêdhang iki kang arêp dakjupuk, lan tak tandur."

Kêthèk mangsuli: "Iya bêcik."

Kêthèk lan bulus nuli lumaku, golèk panggonan banggokanggo. kêbon gêdhang.

Ing alas kono ana ara-ara, barêng mitra karo-karone têkan ing kono, si kêthèk banjur wêruh punthukan tlethong kêbo, calathune kêthèk: "Wah kabênêran bangêt, aku arêp nandur tuntut iki ing tlethong kêbo, dadi sisan kanggo rabuk." Tuntut nuli ditancêbake ing tlethong kêbo manu.mau. Si bulus uga nandur wite gêdhang, nanging dhèwèke gawe jugangan dhisik, kaya lumrahe wong nandur gêdhang ora adoh saka tuntut gêdhang kang ditandur dening si kêthèk.

Ing kono kêthèk calathu: "Coba dêlêngên, tuntut gêdhang ditandur ing rabuk, yèn ora enggal thukul lan wohe ora gêdhe-gêdhe, ya bangêt anggumunake. Lan saiki ayo padha bali bae nyang ngomah!"

Calathune si bulus: "Iya bêcik."

Karo-karone banjur padha bali mulih, si bulus golèk jugangan ing sacêdhake kali cilik lan si kêthèk mènèk ing wit-witan uga cêdhak kono.

Barêng lêt limang dina, si kêthèk calathu: "He kang bulus, ayo padha niliki tandurane gêdhang."

Wangsulane si bulus: "Iya bêcik."

Satêkane ing panggonan, kang ditanduri gêdhang, si kêthèk lumpatan saking sênênge, karo calathu: "Kang bulus, dêlêngên tanduranku wis mêgar, ora suwe manèh, aku mêsthi warêg mangan gêdhang!"

Kêthèk nuli anjogèd saka sênênge.

Bulus mangsuli: "Mula bêcik têmênan tanduranmu, dhi; tanduranku kuwi suwe dadine, nêmbe mêtu godhonge salêmbar. Nanging ya ora dadi apa, awit aku pancèn jênêng bulus kang bodho. Ayo ta padha mulih."

Sawatara dina manèh kêthèk ngajak mitrane (bulus) niliki tandurane. Calathune si kêthèk karo kêmocor idune: "Saiki mêsthi wis matêng gêdhangku. Kang bulus, anggonmu lumaku ambok iya dirikatake."

Ananging sarèhne lakune si bulus iku anggarêmêt, mula si kêthèk lumaku andhisiki karo calathu: "Aku tak andhisiki bae, sêlak kêpengin wêruh kaanane."

Barêng bulus têkan ing panggonane kang dijujug, wêruh mitrane lungguh cêdhak tandurane karo mrêngut. Si bulus pitakon: "Dhi kêthèk, kênang apa têka mrêngut mangkono?"

Wangsulane si kêthèk: "Wah kojur! Dêlêngên tuntute wis bosok. Aku ora ngêrti, kapriye bisane mêngkono iku."

Wangsulane si bulus: "Bênêr uga kandhamu kuwi, sabab bokmanawa yèn manungsa nandur gêdhang, sing ditandur anake gêdhang. Nanging ya wis, aja mangkêl atimu, tanduranku wis mêtu godhonge anyar loro, rupane miwiti dadi, tanduranku kuwi. Ayo padha mulih dhisik."

Mitra loro mau nuli padha mulih, si kêthèk rupane mangkêl atine, lan manèh isin sabab mikiri kabodhoane dhewe. Sawatara dina manèh mitra loro padha ndêlok tandurane. Tandurane si bulus wis gêdhe lan tuntute wis arêp mêtu.

Ana candhake.

GUGAT AMBU, MBAYAR GRAYANG.

Ana wong nistha miskin duwe tangga sugih. Sabên dina tanggane olah-olah kang enak-enak. Sarèhning wong miskin mau ora bisa tuku panganan kang enak-enak dhewe, mula sabên-sabên anggone mangan sêga ngêntèni yèn tanggane olah-olah. Wong miskin mau banjur ngêpêl sêga sarta mapan marang panggonan sing kêtrajang gandaning olah-olahan sarta nganggo calathu: "Wah enak têmên iwak iku: mêngkono karo ngarani iwak sing diolah, kaya ta iwak êmpal, bêstik, lan sapanunggalane.

Tanggane nyipta yèn trekah ngono iku nyuda enake panganan. Katandha sawatara dina anggone mangan ora enak. Saka kêncênging ciptane, nganti kêlakon duwe atur gugat nyang ngarsane pangadilan, nyêbut ora trima yèn tanggane nandukake pratikêl kang anyirnakake sarining panganan. Wragade kapetung uwis sapuluh rupiyah. Kuwi njaluk têtêmpuh mêtu saka pangwasaning pangadilan.

Wong miskin tumuli katimbalan sowan ing ngarsaning pangadilan.

Sawise sowan banjur kadangu saprêlune, paturane iya bae. Wong miskin katamtokake mujudake dhuwit sapuluh rupiyah, sumurup têtêmpuhing wragad mau, sakawit ature mopo amarga tindak mangkono iku mokal bangêt.

Ananging saka wêwênanging pêngadilan, wong miskin kapêksa mbayar, ora kêna mbangkang. Kêlakon wong misikin mujudake dhuwit sapuluh rupiyah. Barêng dhuwit wis diwilang ana ngarsane pêngadilan, sing gugat didhawuhi ngukup. Ananging barêng dhuwit arêp dikandhut, tangane dicandhak dening jaksane, andadèkake kagète sing gugat, ature: "La punika nalaripun kadospundi?"

Pêngadilan mêdharake prakara mau: "Anggonmu gugat rak prakara ambu, mula dhuwit mung kêna kograyang."

Wong sugih mulih kanthi isin.

Sri Sasanti, Surakarta.

--- 164 ---

SI JÊMBLUK.

(Candhake)

Saiki Si Jêmbluk wis duwe kêbo, mula banjur ora milu lunga ngarit bapakne, salin angon kêbo, andadèkake bangêt sênênging atine.

Ing sawijining dina kêbo mau pinuju lagi mlegung (turon) ing ngisor wit pêlêm, dumadakan ana pêlêm tiba, nibani êndhasing kêbo, kang anjalari patine kewan mau. Iku andadèkake kapitunane Si Jêmbluk. Kaya adat sabên, pêlêm mau, kang nibani êndhase kêbone, dijupuk, wowohan, kang ora ana pêngajine babar pisan, ditandhing karo ajine kêbone.

Saiki dhèwèke uga ora milu bapakne manèh, banjur nglêmbara kanthi anggawa pêlêm, tanpa ana kang dijujug. Ora ana wong kang ngêrti parane Si Jêmbluk sarta apa kang digolèki.

Kacarita Si Jêmbluk têrus anggone lumaku, saya suwe têkan ing alas. Sawise mlaku turut alas tanpa mangan lan ngombe banjur têkan nêgara liya.

Sang ratu ing nêgara kono kagungan putra putri, kang bangêt endah ing warna, dene asmane Mayangsari. Nalika Si Jêmbluk lagi ngumbara, sang putri Mayangsari lagi nênun ana ing gapuraning kraton.

Dumadakan Si Jêmbluk liwat ing kono, lan banjur krungu swaraning wong nênun. Barêng sirahe têmêngo,tumênga. wêruh putri ayu lagi nênun. Sang putri nuli dicêdhaki sarta Si Jêmbluk nuli ngaturake pêlêm, supaya dirumat.

Sang putri mriksani lan nuli andangu: "E Jêmbluk, kowe iku arêp nyang êndi ta, têka pêlêm siji bae têka tansah kokgembol."

Si Jêmbluk mangsuli: "Kawula botên sumêrêp purug kawula. Sapunika kawula badhe andhèrèk titip pêlêm punika awit kula badhe adus sakêdhap."

Sang putri bingah bangêt, awit kraos salit lan arêp ngêrsakake sêgêr-sêgêr, sabab ing wêktu iku panas bangêt. Sang putri banjur dhawuh marang Si Jêmbluk: "Iya bêcik, sèlèhna ing kene cêdhakku." Si Jêmbluk nyèlèhake pêlême ing sisihe sang putri lan banjur lunga ethok-ethok arêp adus.

Kacarita sang putri kêpengin bangêt dhahar pêlêm mau, kêcohe kêmocor bangêt mriksani wowohan matêng iku. Wêkasane ora sagêd mênggak kêrsane; panjênêngane sang putri kèndêl anggone nênun, nuli ngoncèki pêlêm kang gumlethak ing sisihe sarta banjur kadhahar mung pêloke sing dikèrèkake. Sawise banjur miwiti nênun manèh.

Ora antara suwe Si Jêmbluk têka, mênggèh-mênggèh kaya wong kang kêsêl bangêt lan banjur enggal nakokake pêlême.

Sang putri nudingi pêloke karo ngandika: "Dêlokên, Jêmbluk, pêlêmmu wis dakpangan, awit aku ora bêtah ngêlake. Aku mau kêpengin sêgêr-sêgêr, mula ya kêbênêran bangêt, pêlêmmu koktitipake nyang aku, dadi kêna kanggo tamba ngêlak.

Si Jêmbluk ethok-ethok ora sênêng atine, dene pêlêm mau didhahar dening sang putri, nanging malah ngetokake nêpsune.

Sang putri ngandika: "O, Jêmbluk, mêngko daklironane pêlêm satenggok kèhe, ambok iya aja nêpsu, pira rêganing pêlêm, kok le kaya bocah cilik, kowe kuwi. Gilo iki daklironi dhuwit sarupiyah!"

Sang putri nuli nawani jarik klambi lan liya-liyane, nanging mêksa ora ditampa. Cêkake Si Jêmbluk ora arêp nampa dhuwit utawa barang.

Sang putri bangêt lingsême lan wêkasane ngandika mangkene: "La kapriye Jêmbluk, kowe njaluk liru apa, ingatase pêlêm mung siji bae kok banjur dadi pêrkara kaya ngono."

Jêmbluk mangsuli: "Sang putri, kawula nyuwun lintu salira panjênêngan piyambak. Inggih lêpat panjênêngan piyambak, dene pêlêm kawula panjênêngan dhahar."

Sang putri saya lingsêm lan judhêg panggalihe mau dikira ya ora apa-apa, wong mung bab pêlêm siji, nanging wêkasane mêngkono iku. Arêp kêrsa, nanging ya ora mèmpêr, amarga dudu sapadhane. Arêp ora kêrsa, nanging wis dadi panjaluke sing duwe pêlêm, karo manèh sang putri uga wis ngrumaosi lêpat. Wah bingunge sang putri tanpa upama, mula banjur sowan mênyang kêdhaton nêdya matur ingkang rama lan ingkang ibu. Sang putri nuli dhawah karo muwun ing ngarsane rama ibu lan ngaturake kabèh kang wus kêlakon, saka kawitan têkan pungkasan, lan uga ngaturake apa panjaluke Si Jêmbluk ing saiki iki.

Andadèkake bangêt kagète lan lingsême sang ratu, barêng mirêng ature ingkang putra. Ana candhake.

--- [0] ---

Ôngka 84, Rê, Pn: 15 Ruwah, Ehe, 1868, 20 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50

Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Rêdi Api - Wajibing Wiji - Jaarmarkt ing Surabaya - Patilasan Kina - Pamrayogi Utawi Pitêdah sawatawis tumrap tiyang wawrat - Kawontênan ing Tiongkok - Kyai Cok Brosot - Kabar Warni-warni - Wêwaosan -Jagading Wanita.

Rêdi Api

[Grafik]

Rêdi Api ing Bandhah, dipun tingali saking pasisir sagantên Bandha Neirah

--- 1314 ---

Raos Jawi

Wajibing Wiji

[Asmaradana]

Kudu laku lair batin / punton pratingkahing titah / purba wisesa anggone / nênanggung anak myang semah / pralêbdepralêbda. upa boga / nawung kabêgyan kang agung / tata têntrêm karta arja //

Ujaring pra sujanma di / kang samya marsudi lampah / pakolèh olèh nalare / nalurine jaman kuna / kongsi têkèng samangkya / kayêktène kang kêlaku / lumrah padha ingalaman //

Lamun ta kanggo palupi / lêpiyaning para wrêda / widada anak putune / padha nêmu kanugrahan / tinunggu ing kabêgyan / gêgantunganing pamandum / kukum sakuwating murwat //

Wawrat sapangkating dhiri / undha-usuk mawa êmpan / kudu anggawa papane / ana ugêring wong tuwa / paribasane ana / dhêmên ngiwa liring wuwus / wau sêmuning wasita //

Ngiwakna karêping ati / kang marang rèh kabungahan / kabèh bungah iku wite / grêbane saka kalêgan / karêpe kêturutan / ala bêcik bênêr luput / sok uga katêkan: bungah //

Mêngkono manungsa sami / marma kang para wong tuwa / wajib marsudi sêdyane / dèn sêtya dahat santosa / sanityasa mangarah / ngêngurangi karêpipun / pinriha kêpara cuwa //

Upamane wong abukti / yèn krasa enak dèn êndhak / aja kudu imbuh manèh / turu ya sêmono uga / sanadyan wus darbea / kasur lawan singêp kampuh / tan prayoga dèn anggoa //

Glethak-glèthèk bae apik / poke arip wong anendra / ya ing kono kêpenake / nyandhang nganggo padha uga / ugêre wong atuwa / anggêre wus rêsik wutuh / wus tan kusut kasat mata //

Balik wong tuwa upami / angadi busana endah / sarwa rêtna murub mompyor / angêrempyong manik sotya / sayêkti tanpa guna / kaya rêca kayu watu / sinotyaa tanpa karya //

Kang kaya mêngkono yêkti / tuture wong tuwa-tuwa / yèn tan mangkono arane / nora trêsna marang suta / enake lan kêpenak / dipèk dhèwèk ngenak-enuk / anak putune tan uman //

Sungkan angèngèh-ngèngèhi / tuwa tuwas kari ampas / apês saanak putune / tan pantês tinêpa-têpa / tuna dènnya tinitah / tan ana paedahipun / bangun brahala branahan //

Anona ing tôndha yêkti / ngêndi ana wong kêpenak / kang tanpa lara sangkane / iku bae uwis kêna / kinarya sudarsana / wus sinaksèn para sêpuh / tuwuh prasamya sanyata //

Tan bisa onya sanyari / kariyin têkèng samangkya / ya têtêp kayêktèn kabèh / dene mungguh kang prakara / karananing sangsara / tumanduk mring anak putu / pati papa tanpa sama //

Tan kaya wong kang karêm mrih / sukan-sukan dhêmên lungan / tan pisan ana prêlune / mung maligi golèk bungah / ènthèngan ninggal omah / karêm ngambah saba purug / nutug suka-parisuka //

Susahe kêtêmu wuri / wus kalêbu ngila-ila / bungah iku kêkêmbange / kasusahan kasangsaya / môngka mungguhing bungah / wus tan ana timbangipun / lir wong lungan pêplêsiran //

--- 1315 ---

rana-rana buwang dhuwit / jare nyang polatan jêmbar / jajah nambahi kawruhe / yèn mung kawruh darma nyawang / mung murka kang kasandhang / sandhungane êntèk purug / êntèk ngomah kari susah //

kêjaba ta yèn marêngi / karana kêrêpe lungan / wigati ana parlune / luru pangan dagang layar / lan parlu liyanira / iku wus nora rinêmbug / wajibing wong bara pangan //

balik lungan parlu plêsir / amung ngusir paran suka / saking tan kamot kasange / kaêsong kudu binuwang / ngubungi ati bungah / tambuh tumibaning kukum / susah sangsayaning ngomah //

saya ywan tumrap parèstri / suka bungah saba paran / kang tan ana parigawe / mung kagawa srêgêp lungan / ngandhut karêp pameran / busanane adi luhung / myang tuduh endahing warna //

nora mugên munggwing panti / tanpa têgên nyambut karya / nora rigên pangruktine / kabèh kabutuhan ngomah / bungah lungan lêng-lêngan / yèn durung kaur-milaur / ala nganggur angur nôngga //

cacad-cacading pawèstri / watak bungah ninggilninggal. omah / apangawak dandang botol / tan yogya kinarya garwa / sanadyan sinung kaya / piranga jong pirang prau / banyu sinaring kewala //

nyilakani maring laki / kêlunta kêtula-tula / kawlas asih salawase / darbe rabi kang awatak / tegan atinggal omah / tôndha mangro ing pandulu / tan kandêl sêtyaning priya //

bisaa nuwuhke wiji / iya mung dêdawa ala / anglêluwihi alane / yeka saking yayah rena / dadi dènira murwa / winih ananing tumuwuh / mung anake wuwuh ala //

mênawa uwong ngaurip / mung arêp kanggo pangarsa / nganakke piala gêdhe / pedahe apa tumitah / yèn ngakua wong bungah / têmah bali dadi lêbu / kanggo ngrèh awak wong wungwang //

P.

[Iklan]

Pawartos saking redhaksi

K. 2966 ing Kêbumèn. 10-8-1885, dhawah Sn, Kli, 28 Sawal, Je 1814, Arab 28 Sawal 1303, Kuningan, Karo. 2-2-1908, dhawah A, Kli, 28 Bêsar, Jimawal 1837, 29 Dulkijah 1325.

Pawartos saking admistrasiadministrasi.

Lêngganan nomêr 2017 ing Kaliwungu. Tumrap kuwartal III.

Lêngganan nomêr 2601 ing Tamansari. Wissêl f 3.- punika tumrap kuwartal punika saha kwartal I taun 1938.

Lêngganan nomêr 4528, R.Ng. Dirdjodoeto ing Solo. Makatên punika: "dubbel" namanipun. Jalaran K. 4528 ngangge ngalamat Abdi dalem gandèk tengen, nanging sarêng panjênêngan ngintunakên yatra pambayaran namung: R.Ng. Dirjaduta. Amila lajêng kakintên lêngganan enggal.

--- [1316] ---

Jaarmarkt ing Surabaya

Ing bab wontênipun Jaarmarkt ing Surabaya, kados para maos sampun botên kêkilapan, amargi wontênipun sampun ajêg sabên taun. Nanging kawontênan tuwin kawigatosanipun Jaarmarkt wau, bokmanawi kathah ingkang dèrèng patos migatosakên, awit umumipun lajêng namung katingal dados papan kasênêngan. Môngka lugunipun, babagan ingkang kados makatên wau, inggih punika kawontênanipun Jaarmarkt dados satunggiling papan mitongtonakên kagunan, padagangan, kawêkêlan tuwin sanès-sanèsipun, ingkang pikantukipun sagêd anênangi dhatêng manah, saha adamêl kamajêngan.

[Grafik]

Patamanan ingkang sakalangkung nêngsêmakên salêbêting Jaarmarkt Surabaya.

Ingkang ajêg wontên karamean ingkang kados makatên punika ing Surabaya, nama Jaarmarkt, ing Bandhung nama Jaarbeurs, ing Batawi nama Pasar Gambir. Tuwin sanès-sanès panggenan malih.

Satunggal-satunggaling panggenan wau cara-caraning rêrênggan beda-beda, tur sarwa adamêl sêngsêmipun ingkang mriksani tuwin sagêd nênarik manah. Nanging tumrap ingkang sampun mangrêtos utawi kêrêp ningali dhatêng kawontênanipun, inggih lajêng sumêrêp dhatêng punapa ingkang dipun kajêngakên, upami badhe sumêrêp dhatêng babagan ulah têtanèn, patukangan tuwin sanès-sanèsipun, ing ngriku sampun wontên sadaya. Makatên ugi tumrap Bale Pustaka, sabên wontên karamean kados makatên wau tamtu ambikak padhasaran buku warni-warni, ingkang raosipun ugi gêgayutan kawontênan ngriku, upaminipun mêntas ningali papan patukangan, têtanèn, kasarasan

--- [1317] ---

tuwin sanès-sanèsipun, ing ngriku sagêd pados buku ing padhasaran Bale Pustaka ing bab babagan wau.

[Grafik]

Padhasaran Bale Pustaka salêbêting Jaarmarkt Surabaya wanci siyang.

[Grafik]

Padhasaran Bale Pustaka salêbêting Jaarmarkt Surabaya ing wanci dalu.

Makatên malih papan padhasaran buku Bale Pustaka punika wontênipun ing papan karamean, gampil dipun padosi. Saya tumrap ingkang nêmbe kawontênakên ing Jaarmarkt Surabaya, para maos sagêd manggalih piyambak mênggahing ringkês, cancingan tur sarwa nyêkapi. Sagêd pindhah sawanci-wanci, sagêd lajêng bikak dadakan.

Ing bab wontêning Jaarmarkt ing Surabaya wau, nyata dados satunggiling sarana ajênging kagunan, kawêkêlan, sêsêrêpan tuwin sanès-sanèsipun.

--- 1318 ---

Cariyos Kina

Patilasan kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83

Lumpang sela kalih iji punika, ujaring kôndha kadadosan saking sela limrah, ananging sarèhning ing sabên dintênipun tansah dipun thuthuki, prêlu kapêndhêt bubukanipun, kangge srana dipun têdha, ngantos sagêd bolong. Dados lumpang bolong punika ugi minôngka dados pasêmonipun ingkang sawêg ngudi kalangkungan ing wêkdal punika, inggih punika sagêd pikantuk bêbolonganing margi ing ngriku.

[Grafik]

Gubug ingkang isi sela pêpundhèn, dipun jagi ing juru kunci, ing kiwa piyambak juru kunci, sanès-sanèsipun para ingkang sami jiyarah mriku.

Dados manawi ngèngêti ingkang manggèn papan ing ngriku, punika satunggaling titah ingkang sawêg gadhah pambudi, botên anèh bilih papan punika ngantos sapriki taksih sami dipun pêpundhi, dipun luhurakên, ngantos ingkang klèntu panampi, lajêng kêsasar ing pamanggih, bilih panggenan punika utawi selanipun sagêd damêl bêja utawi cilaka, malah kawartos sampun nate sela bundêr punika kangge rêbatan, dipun colong kabêkta dhatêng sanès dhusun, ngantos dados prakawis, kêpêksa pulisi lajêng ngêmori damêl.

Ing nalika taksih jaman ujungan, pêrang alit-alitan ing dhusun, mêngsah sanès dhusun, kintên-kintên jaman 20 taunan, papan ing ngriku dados pangungsènipun para neneman, inggih punika ing sadèrèngipun dhumawah tapukipun ujungan, para sawung ujungan, sami mrêlokakên nênêpi wontên ing ngriku, inggih punika kajawi sami andon adus, inggih prêlu sami alon-alonan anggènipun anjunjung sela bundêr punika. Ingkang sagêd nêtêpi ngantos sagêd ngangkat kaping gangsal, punika ingkang badhe mênang ujunganipun.

Wasana lêrês lêpatipun sumôngga ing para maos, tuwin nyuwun gunging samodra pangaksama.

Lêngganan nomêr 1767.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 2273 ing Kêbumèn. Panagihan punika kêlintu, lugunipun panjênêngan sampun ambayar dumugi wulan Oktobêr 1937.

Lêngganan nomêr 732 ing Ngayogya. | Lêngganan nomêr 5438 ing Tuban. | Lêngganan nomêr 1226 ing Klathèn. | Lêngganan nomêr 3396 ing Têmanggung. … Kula ajêng-ajêng yêktos, mugi sampun kêsupèn. [Têmanggu...]

--- 1319 ---

[...ng.]

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang èstri ingkang wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83

Punapa ingkang wawrat badanipun kiyat nanggulangi manawi wontên sabab ingkang tanpa pratikêl utawi tanpa pitêdahipun dhoktêr.

[Iklan]

Punapa jantungipun (hart) ingkang wawrat kiyat utawi kasarasan.

Punapa tiyang botên nate kataman sêsakit ingkang botên wontên tapakipun, utawi kataman ewahing jêroan, ingkang ngantos dangu, sasampunipun saras, taksih sok kraos utawi kumat.

Têmtunipun tiyang limrah botên sagêd anjawab pitakenan punika. Yèn makatêna, punapa tiyang èstri ingkang wawrat punika botên kuwatos anggènipun ngandhut lan badhe nglairakên bayi wau. Punapa sampun lajêng pasrah kemawon.

Sanajan èstri wawrat punika kinodrat kados ingkang kasêbut ing ngajêng, sarèhning badanipun tiyang èstri sarêng wawrat, jêroan asring lajêng sami sagêd ewah lampahipun, trêkadhang langkung saking mêsthi sarta sok thukul sêsakitipun, kajawi punika [puni...]

--- 1320 ---

[...ka] sumèlèhipun bayi ing pranakan asring botên tata, sajansanajan. namung sawatawis sarta asring sagêd jêjêg piyambak, badhe lairipun bayi asring kangelan utawi sok botên sagêd lair. Ingkang makatên punika manut raos utawi pikiran ingkang saras, inggih kêdah nêdha tulung dhatêng dhoktêr utawi Vroedvrouw.

Ingkang langkung prayogi kapriksakna dhatêng dhoktêr ing sadèrèngipun bayi ing wêtêng sampun agêng, dados sagêd sumêrêp kawontênanipun ingkang wawrat, dhoktêr lajêng sagêd suka pitêdah punapa ingkang kêdah dipun jagi, utawi ingkang dipun awisi, kapriksa lampahipun êrah (bloeddruk) tuwin sênènipun.

Asring suku tuwin thothok sukunipun ingkang wawrat kalih pisan sami abuh, punika nandhakakên yèn ginjêl (nier) kuwalahên anggènipun nyambutdamêl, dados sakit, prêlu utawi kêdah dipun priksa dening dhoktêr, awit namung dhoktêr ingkang sagêd nêtêpakên sêsakitipun punika ambêbayani utawi botên.

Ananging yèn sampun kasèp, têgêsipun sêsakitipun sampun ngrêbda, dhoktêr inggih botên sagêd nyarasakên, utawi dangu sangêt sarasipun.

Langkung prêlu malih dhoktêr kêdah nyumêrêpi punapa bekkeningang inggih punika bolongan ingkang kangge mêdalipun bayi ing balung pênyanggi baka utawi pranakan (baarmoeder) ingkang wawrat wau cêkap wiyaripun kangge lairipun bayi. Manawi bekken ciyut botên katingal, yèn botên konangan dhoktêr, damêl susahipun biyung ingkang nglairakên tuwin dhoktêr kangelan anggènipun ngêdalakên bayi, utawi kêdah dipun wiyarakên, utawi sanèsipun.

Môngka yèn bekken ingkang ciyut wau sagêd konangan dening dhoktêr, sadèrèngipun bayi agêng ing wêtêng, dhoktêr lajêng gampil anggènipun nanggulangi. Makatên ugi upami sumèlèhipun bayi wau botên mujur utawi kalintu, konangan dhoktêr, lajêng sagêd damêl mujuripun, upami botên sagêd dipun ujurakên, dhoktêr sagêd sadhiya prabot ingkang prêlu kangge mitulungi bilih bayi badhe lair, utawi sanèsipun.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika pitêdah dhatêng para putri ingkang sami dèrèng mangrêtos (dèrèng nguningani).

Yèn dipun manah-manah tiyang èstri punika kuwajibanipun utawi tanggêlanipun agêng saha awrat sangêt, langkung-langkung tumrap tiyang èstri ingkang wawrat utawi nglairakên jabang bayi, paribasanipun anguwod ogal-agil, punika têgêsipun tiyang èstri ing salêbêtipun wawrat ngantos nglairakên jabang bayi wau sasat wontên ing nginggilipun wot moglak-maglik, manawi botên kalêrêsan sagêd andadosakên sakit tuwin tiwasipun, kados ta asring wontên tiyang èstri anglairakên mawi sabab pamanggènipun bayi ing pranakan (wadhah bayi) botên lêrês malang utawi ewah nungsang sapanunggilanipun utawi jalaran katularan rêrêgêd (baksil) saking rêgêdipun tanganing dhukun utawi gêpokan barang sinjang utawi sanèsipun ingkang rêgêd, punika asring andadosakên tiwasipun. Mila tiyang èstri ingkang badhe nglairakên bayi punika prayogi wontên ing griya sakit utawi [u...]

--- 1321 ---

[...tawi] yèn pancèn sagêd bayar, nêdha dipun tulungi dhoktêr utawi Vroedvrouw.

Sanadyan kula sampun asring ngandharakên bab sêsakit infectie, sapunika prêlu kula ambali malih, awit tiyang èstri ingkang badhe nglairakên jabang bayi wau, wêkdal bayi lair, manawi anggènipun nulungi utawi barang-barang ingkang gêpokan kalihan ingkang nglairakên punika botên rêsik saèstu, sagêd ambêbayani, inggih punika tiyang èstri sagêd kataman sêsakit infectie, jalaran wontênipun kruma wiji sêsakit (baksil) punika warni-warni, ing pundi-pundi, ing pangangge sinjang, rasukan, ing patilêman, ing guling, bantal, sêpre, urung bantal lan guling, ing kasur, gêlaran, ing tangan lan driji asring wontên. Baksil ingkang nulari dhatêng tatu ing kulit utawi daging lajêng nukulakên infectie (wond infectie) baksil ingkang nukulakên sêsakit: typhus, dysenterie, cholera, pest, diphtheritis, tetanus, malaria, t.b.c. lan sapanunggilanipun.

Botên sadaya baksil utawi baktèri punika mêsthi ambêbayani, namung kintên-kintên wontên 25% ingkang sagêd dados ama utawi mêngsahipun tiyang, kewan utawi têtuwuhan. Dene ingkang ± 75% botên punapa-punapa, botên munasika dhatêng tiyang, malah saperangan wontên ingkang sagêd mitulungi utawi migunani dhatêng tiyang, kados ta: rottings bacterien, awit baksil punika manawi dipun kêmpalakên kalihan rêrêgêd ingkang ngandhut baksil ingkang kêras utawi ambêbayani sagêd mêngsah utawi nanggulangi dhatêng baksil-baksil ingkang kêras utawi ingkang ambêbayani wau.

[Iklan]

Tuladha ingkang cêtha inggih punika lampah-lampahipun baksil ingkang lami nanggulangi baksil kêras ingkang enggal ing sabêlêtipunsalêbêtipun. septietank. Mila ing septietank botên kenging dipun soki karbol utawi creolin kangge nawar utawi ontsmet, awit mangke rottings baktèri sagêd sami sirna utawi pêjah, dados septietank botên sagêd nyambutdamêl punapa lêrêsipun.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja

Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1322 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Pangangkahipun Jêpan anggènipun badhe ambêdhah Syanghai katingal dipun rosani, mila panêmpuhipun Jêpan saking gêgana ingkang tumuju dhatêng Sapèi tuwin Kiyanggwan katingal dipun kêtog yêktos. Dhasar panêmpuhipun wontên ing ngriku punika gadhah raos sampun unggul, mila kêladuking patrap, Jêpan lajêng nyêbarakên sêrat sêbaran ingkang raosipun suka pêpèngêt dhatêng wadya Tiongkok, supados sami nungkul kemawon, awit sanadyan anglawana inggih badhe tanpa damêl. Malah manawi wadya Tiongkok purun takluk, sabên tiyang 1 badhe dipun sukani arta sadhollar. Ing bab arta punika Jêpan nyadhiyani arta kalih yuta dhollar.

Mirid pawartos ingkang kados makatên wau, tamtu kemawon adamêl botên rênanipun Tiongkok, pitêmbunganipun Jêpan malah angosok wangsul damêl muntabipun ingkang sami kataman. Môngka manawi nitik saking wontênipun paprangan ing Syanghai, dumuginipun sapunika sampun tumindak tigang wulan, kawontênanipun taksih panggah, dèrèng wontên titikipun Jêpan sagêd ambêdhah Syanghai. Malah kosokwangsulipun, sagêd ugi panêmpuhipun Jêpan punika badhe cabar, tuwin kêpêksa pados margi sanès, awit papan ingkang dipun têmpuh ing sapunika katingal sakalangkung wulêt. Dene dhatêngipun bêbantu wadya Jêpan katingal saya majêng, punika ugi dados satunggiling tôndha awrating bobotipun wadya Tiongkok. Bêbantu ingkang katingal wau, wontên kapal pêrang 29, kapal pirantos ngangkat wadya bala 23, sami lumampah nungsung muara Yangce, kaprênah saêlèr kilèn Syanghai.

Ingkang pinanggih ing sisih lèr ugi taksih rame, karosanipun Jêpan tansah angsal tandhing. Sampun sawatawis dintên wontên motor mabur Jêpan gangsal ingkang nuju kêkalangan wontên sanginggilipun laladan Nanking kenging dipun sanjata dening wadya Tiongkok, sami dhawah sadaya. Salajêngipun wontên motor mabur Jêpan, pirantos ambucal bom katingal, saha lajêng andhawahi bom ing sêtatsiyun Suko. Ing ngriku lajêng pun susul ing motor mabur pambujêng Tiongkok, sagêd papagan wontên sanginggilipun Sinkiyang. Motor mabur Jêpan kenging dipun sanjata kumaleyang dhawah ing siti. Nanging botên dangu katingal wontên motor mabur Jêpan 9 nêmpuh gapuraning kitha sisih kidul, dipun êtut ing motor mabur pambujêng 6 sami mêmanuki saking wingking.

Sarêng motor mabur wau sami katingal, lajêng dipun lêpasi mriyêm pananggulang motor mabur. Nanging botên dangu dipun êndhani, prêlu ngangkatakên motor mabur Tiongkok kangge ambujêng motor mabur mêngsah saha lajêng campuh wontên ing gêgana.

Ing ngriku motor mabur Jêpan ingkang langkung rikat panggêgananipun sampun wontên sanginggilipun motor mabur Tiongkok. Nanging motor mabur YongkokTiongkok. sagêd masang gêlar, ingkang anjalari titiga. motor mabur Jêpan kêpêksa lajêng ragi mandhap, saha motor mabur Tiongkok sagêd mênang papan, wêkasan sagêd nyanjata motor mabur Jêpan tiga sami dhawah sadaya.

Kados ingkang sampun kawartosakên, para golongan Tiongkok ingkang ing ngajêng mêmêngsahan [mêmêngsa...]

--- [1323] ---

[...han] kalihan bangsanipun piyambak, sami èngêt lajêng ambiyantu dhatêng bangsanipun, paribasanipun: tunggal daging, jiniwit milu krasa lara. Ingkang makatên punika tamtu badhe mêwahi kasantosanipun Tiongkok.

[Grafik]

Sawangan kitha Pèiping, salah satunggiling kitha agêng ing Tiongkok, dipun tingali saking gêgana.

Ing mangke Jêpan katingal saya waringutên anggènipun pasulayan kalihan Tiongkok, dhatênging bêbantu anggili tanpa kêndhat, punapa malih ing bab wontêning dêdamêl, pinanggih saya mitadosi. Nanging ing bab dêdamêl wau Jêpan tanpitampi. panyêrêg saking Tiongkok, bilih Jêpan migunakakên dêdamêl ingkang kapetang dados awisan, inggih punika migunakakên mimis dhum-dhum, punapa malih migunakakên dêdamêl gas mawa racun. Bab punika pinanggih wontên tôndha yêktinipun ingkang nyata, mirid saking kawontênanipun ingkang sami tiwas wontên ing paprangan.

Sayêktosipun pawartos kados makatên punika sampun kêrêp dados rêraosan, nanging dèrèng wontên karampunganipun ingkang maton, mênggah ing nyatanipun.

Kajawi panyêrêg babagan punika, Jêpan ugi tampi sêrêgan saking Inggris, ing bab anggènipun Jêpan andhawahi bom dhatêng oto-oto wêwakil Inggris ingkang botên têbih saking Syanghai. Bab punika Jêpan amangsuli, wontênipun wadya

--- [1324] ---

Jêpan andhawahi bom dhatêng oto-oto wau, amargi Inggris nêrak wêwalêr langkung ing margi ingkang sanès lêrêsipun, mila lajêng nuwuhakên panganggêp bilih oto wau sanès oto Inggris.

Ing sapunika wontên wartos malih ing Mansukuo wontên ebah-ebahan ingkang sagêd ugi dados wêwinih paprangan malih, inggih punika para rakyat Tionghwa ing ngriku ingkang sampun kabawah Jêpan, sami badhe ambalela, wadya bôngsa Tionghwa ing ngriku ingkang sami sikêp dêdamêl langkung kathah, ngungkuli cacahing wadya Jêpan ingkang badhe nyirêp rêrêsah.

Kyai Cok Brosot

Ing sawetanipun kitha Bojanagara wontên dhusun, nama Prayungan. Bokmanawi ing kinanipun dhusun wau panggenan galagah rayung. Ing dhusun ngriku wontên pasarean agêng, namanipun Dhayuhan, katingal saking margi agêng utawi saking sêpur, saantawisipun haltê Sraya lan Sumbêrêja N.I.S. Ingkang dipun mêmule wontên ing ngriku nama Kyai Cok Brosot. Rumiyin ing sacakêtipun pasarean, ugi cakêt sangêt saking margi agêng, wontên selanipun pêthak alus, tanpa sêratan, watawis panjang wiyaripun 80 X 60 cm., sela wau sapunika sampun botên wontên. Kula botên sagêd mastani, punika sela punapa, punapa têtêngêring kubur, punapa golongan piagêm saking karaton.

Ing pasarean Dhayuhan punika wontên waluku ingkang sumlagrang ing kajêng agêng, kacriyos punika waluku gadhahanipun Kiyai Cok Brosot.

Dhusun kilènipun Prayungan punika dhusun Talun, têgêsipun siti ingkang sawêg kabubak. Ing ngriku wontên umpak sela cêmêng sawatawis sami glethakan ing wêwêngkonan sabin. Inggiling umpak watawis 80 cm. Kintên-kintên umpak wau sami bêktan saking liya nagari, awit ing ngriku botên wontên sela cêmêng, ingkang wontên sela gamping saking Rêdi Kêndhêng.

Wontên malih dhusun alit, namanipun Kêlumbung, kacriyos punika panggenan lumbungipun Kiyai Cok Brosot. Wontênipun Kiyai Cok Brosot cakal bakal ing ngriku, bokmanawi saking dhawuhing ratu, sabên taun kêdah atur bulu bêkti awarni pantun utawi uwos. Wontên padhêkahan cêlak ing ngriku, namanipun Badhug, têgêsipun lêsung, dados panggenan nutu pantun ingkang badhe kangge bulu bêkti wau.

Kacariyos Kiyai Cok Brosot gadhah bojo ingkang endah ing warni. Saking kayungyunipun dhatêng ingkang èstri ngantos botên sagêd pisah, sanajana namung sakêdhap. Mila satêngahing nyambut damêl wontên ing sabin, asring ambrobos malajêng mantuk, prêlu nuwèni ingkang èstri. Ngantos anggènipun anggarap sabin botên jênak, botên pikantuk damêl. Ingkang èstri piyambak inggih susah, ngraosakên lêlampahanipun ingkang jalêr makatên punika. Wontên ingkang cariyos, salajêngipun manawi nyambut damêl dipun tênggahi dhatêng ingkang èstri. Wusana Kyai Cok Brosot sagêd dados ratu, anggêntosi ratu ingkang ambawahakên dhusun ngriku.

X.

--- 1325 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Lêbêt wêdaling barang dagangan ing tanah ngriki. Miturut cathêtan saking kantoor voor de Statistiek, lêbêt wêdaling barang dagangan ing tanah ngriki ing salêbêtipun wulan Augustus. Malêbêt 158.100 ton, rêgi f 43.600.000,-. Mêdal 991.900 ton, rêgi f 84.300.000,-

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan I nona M.Oy Hong Nio. Lulus doctoraalexamen perangan III Tuwan P.H. de Veer.

Lulus ing pamulangan luhur ing nagari Waalndi.Walandi. Miturut wartos ingkang dumugi ing tanah ngriki, Tuwan Soeharto Sosrohadikoesoemo, putranipun tuwan Sosrohadikoesoemo, warga College van Gedelegeerden, lulus angsal diploma ingenieur ing pamulangan luhur ing nagari Walandi. Diplomanipun wau wontên kalih, satunggal babagan têtanèn, satunggalipun babagan among dagang. Tuwan Soeharto sasampunipun angsal diploma wau badhe taksih wontên nagari Walandi ngantos dumugi wulan Januari 1938, pêrlu pados diploma malih tumrap têtanèn ing nagari Walandi.

Lulus ing pamulangan luhur ing nagari Walandi. Miturut Têngah, M. Aboetalip Sastrotênojo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Mangkang, kabupatèn Kêndal, paresidenan Sêmarang, dados asistèn wêdana paresidenan Japara-Rêmbang.

Badhe ngajêngakên padangan wowohan salêbêting blèg. Awit saking ada-adanipun ingkang wajib badhe ngawontênakên pabrik wowohan wontên salêbêting blèg, saha sampun dangu dipun tindakakên cobèn-cobènipun. Kintên-kintên bab punika tumuntên badhe kasêmbadan, namung ngêntosi jangkêping pirantosipun.

Pêrlu kawontênakên jampi sakit bêntèr. Awit saking panyuwunipun schoolopziener I ing Purworêjo, supados ing sabên sêkolahan dipun wontêni sadhiyan jampi sakit bêntèr, awit miturut palapuran saking pamulangan-pamulangan, kathah sangêt lare-lare ingkang botên malêbêt sêkolah, ingkang jalaran sakit. Ing sapunika ing laladan Purworêjo sawêg ungsum sêsakit Influenza.

Angsal bintang saking Tiongkok. Tuwan A.C.W. Wardenier, asistèn-residèn-titulair ing Bênkulên, kawartosakên angsal bintang saking Tiongkok Orde van Jade klas 7.

Andandosi karisakan ing Kutorêjo. Ing nalika wontên lindhu, ing laladan distrik Kutorêjo wontên griya ambruk kirang langkung 150, ing sapunika griya-griya wau wiwit dipun dandosi. Ing bab punika Pangrèhpraja ambiyantu maringi pirantos-pirantosipun. Kintên-kintên botên dangu griya-griya wau sampun sami rampung panggarapipun.

Karisakan griya-griya ing bawah kabupatèn Klathèn. Jalaran saking wontêning lindhu ingkang mêntas kêlampahan punika, tumrap bawah kabupatèn Klathèn kathah griya ingkang sami risak tuwin ambruk. Mênggah pratelanipun: Ing bawah kaondêran Kêbonarum, ambruk 48, risak 44. Kaondêran Wêdi, ambruk 191 risak 100. Kaondêran Cawas, ambruk 79, risak 110. Kaondêran Bayat, ambruk 9, risak 100. Kaondêran Gondhangwinangun, ambruk 12, risak 60. Kaondêran Prambanan, ambruk 45, risak 149. Kaondêran Gantiwarno ambruk 68, risak 134. Dados gunggungipun sadaya, ingkang ambruk 452, ingkang risak 652, gunggung sadaya 1104. Kapitunanipun sadaya f 15.560,-

[Iklan]

Kasangsaran motor mabur T. 13. Kawartosakên, layonipun Overste De Bruyne sagêd pinanggih ngambang, lajêng dipun pêndhêt dening motor mabur, salajêngipun dipun bêkta dhatêng Surabaya. Motor mabur T. 16 sampun dumugi ing Surabaya. Ing kala panguburipun layon 7 ingkang jalaran saking kasangsaran motor mabur wau, kathah ingkang sami anjênêngi, sadaya sami katingal anggèning bela sungkawa, kathah ingkang sami abela tangis. Pakurmataning pangubur mawi cara militèr, nalika pêthi layon kalêbêtakên ing kubur, dipun urmati drèling wadya Marine. Uruting pangubur, sakawit layonipun tuwan Uurbanus, lajêng tuwan Spronk, salajêngipun layon gangsal sanèsipun. Sawarnining tindak ingkang pinanggih wontên ingriku, sarwa damêl kêraos-kêraosing manah.

Kasangsaran motor mabur Marine malih. Ing dintên Sabtu tanggal 16 October wontên wartos, bilih motor mabur T. 1 nalika nuju anggêgana wontên sanginggilipun pulo Banda badhe malêbêt dhatêng Sunglon Lontor, ingkang botên sapintêna inggilipun, panggenanipun wau dhawah. Motor mabur wau karisakan, punggawanipun sami nêmahi tiwas. Ingkang tiwas wau luitenant-ter-zee E. van Haften, majoor-telegrafist G.J. Radstaat, sergeant-vlieger G. van der Hooft, korporaal-vliegtuigmaker P.L. Bogert, milicien matroos-telegrafist E.F. Nolten.

Layonipun para ingkang kasangsaran motor mabur Specht. Kapal K.P.M. Generaal van Geen sampun dumugi ing Tanjung Priok ambêkta layonipun para ingkang sami kasangsaran ing motor mabur Specht. Pêthi-pêthi layon sami dipun tutupi ing bandera Walandi, pêthi wau dipun pasangi sêkar saking juru nglampahakên motor mabur nomêr kalih ingkang kêtulungan, saha ing kala punika ugi tumut ngêtêrakên nênggani wontên sacêlaking pêthi layon. Sadumuginipun Tanjung Priok, kapal van Geen labuh wontên ing papan labuh S.M.N. Salajêngipun layon-layon wau kabêkta dhatêng nagari Walandi.

--- 1326 ---

Karampungan nyalingkuhakên arta. Landraad ing Salatiga sampun angrampungi prakawisipun dakwa tuwan Soetama, dokter kewan ing Salatiga, kalêpatan ngangge arta panyadean sarêm kathahipun f 10.176,-. Dakwa kaukum kunjara 2 taun. Karampungan wau taksih dipun manah-manah rumiyin dening dakwa.

[Grafik]

Murid Mosvia ing Magêlang. Kados ingkang sampun kawartosakèn ing Kajawèn, murid Mosvia ing Magêlang ingkang klas inggil sami darmawisata dhatêng Bali, katuntun dening T. Haji S.A. Bachtiar, leeraar Volkenkunde lan Economische Aardrijkskunde, tuwan J.C.J. Mastenbroek Internaatshoofd ing sêkolahan wau.

Inginggil punika gambaripun Murid ing Mosvia wau punapadene panuntunipun.

Agèn pulisi ngamuk. Kawartosakên, satunggiling agèn pulisi tiyang siti ing Blitar ngamuk mawi dêdamêl revolver. Wontên agèn pulisi kalih ingkang kenging dipun sanjata, ingkang satunggal bangsa Walandi. Sasampunipun nyandayatanyanjata. tiyang kalih wau, tiyang ingkang ngamuk lajêng nyanjata badanipun piyambak, kenging kalêrês ing wêtêngipun. Tiyang tiga pisan lajêng sami kabêkta dhatêng griya sakit.

Dr. R. Soetomo kalihan pakêmpalan ing Ceylon. Wontên wartos, Malay Progressive Union, inggih punika satunggiling pakêmpalan turunan têtiyang tanah ngriki ing Ceylon, kala tanggal kaping 12 Sèptèmbêr, pakêmpalan wau adamêl congres ingkang kaping IV, dipun pangajêngi dening Dr. M.P. Drahaman. Ing congres ngriku ngawontênakên rêmbak saha sampun kagêlêngakên, angangkat Dr. R. Soetomo dados kondhanging pangayoman.

Warga pangrèh U.S.I. Pakêmpalaning para maha siswa pamulangan luhur ing Bêtawi ingkang nama Unitas Studiosorum Indonesiensis, ingkang cêkakanipun U.S.I. nêtêpakên warga pangrèh enggal, inggih punika: Pangarsa tuwan Ribowo, Muda pangarda tuwan Darma Sêtiawan, Panitra I A. Rachim Kartadjoemêna, Panitra II nonah Hadidjah, Artaka I tuwan T. Mh. Djajadiningrat, Pambantu umum tuwan Adil Poeradirêdja.

Panyadean sarêm alit saya majêng. Ingajêng nate wontên wartos bilih sarêm alit ingkang rêgi 1 tuwin ½ sèn botên majêng. Miturut katrangan ing sapunika, panyadean sarêm alit wau malah pinanggih majêng sangêt, ngantos damêl munduring panyadean sarêm ingkang agêng ingkang katindakakên dening juru kilak. Mirid nalar, tuwuhing wartos mundur wau sagêd ugi jalaran saking pandamêling juru sade sarêm agêng. Ing sapunika Pakarya Sarêm ngawontênakên sarêm ingkang nyaprapat banon, rêgi 2 sèn.

Bab wanita ingkang dados punggawa nagari. Miturut wartos saking Bogor, kawrat sêrat idêran saking 1 ste Gouvernements Secretaris, ing sapunika wontên ewah-ewahan, tumrap wanita ingkang cêpêng damêl Nagari botên katêtêpakên kados pranatan rumiyin, lajêng kakèndêlan samangsa laki.

Manggih barang kina. Kawartosakên, punggawa assaineering ing Ngayogya kala nindakakên dhudhuk-dhudhuk wontên ing Kampementstraat, nalika pandhudhukipun wontên 1½ m, manggih rêca prunggu sae, cacah 2 iji. Rêca wau awujud Kuwera tuwin Dhyani Bodhisattwa. Ingriku wontên tandha-tandhanipun agami Buddha. Salajêngipun ing papan ngriku dipun priksa.

Mr. R.M. Sartono. Wontên wartos, Mr. R.M. Sartono kaangkat dados advocaat tuwin procureur ing Hooggerechtshof.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, Kiai Hasan Moeliodisastro, Aib. nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Situbondo, paresidenan Bêsuki, dados ajunct jaksa Landraad ing panggenan wau. M. Hoetomo, Aib, nindakakên padamêlan mantri kabupatèn Kêdiri, paresidenan Kêdiri, dados asistèn wêdana paresidenan Kêdiri R. Soemarsono tijd. Wd. Jaksa Landraad ing Magêtan, paresidenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidenan Surabaya, R. Soemakto, Aib. nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Magêtan paresidenan Madiun, dados jaksa Landraad ing panggenan wau. M. Soetimboel, Kartowisastro, tijd. Wd. Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidenan Kêdiri, dados Aib. nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Magêtan, paresidenan Madiun. R. Moeljani, juru sêrat klas 1 ing paresidenan Kêdiri, dados mantri pulisi paresidenan Kêdiri.

EROPA

Darma agêng. Kawartosakên Lord Nuffield ing Londen, suka darma malih cacah 300.000 pondsterling dhatêng griya sakit Radcliffe ing Oxford. Griya sakit wau rumiyin ugi sampun nate tampi darma saking panjênênganipun 50.000 pondsterling. Gunggunging arta darma ingkang sampun dipun wêdalakên dening Lord Nuffield wau wontên 8½ yuta pondsterling.

ASIA

Rêrêsah ing Palêstina. Ing sapunika jalaran saking wontêning rêrêsah, ing Yeruzalem kawontênakên undhang-undhang paprangan. Tuwuhing undhang-undhang wau jalaran mêntas wontên golongan ingkang ngêbom sêpur antawising Lydda kalihan Raselei. Miturut wartos ngantos sapriki bab rêrêsah punika dèrèng manggih katranganipun. Kajawi ingriku, ing sanès panggenan ugi tuwuh rêrêsah.

AFRIKA

Ura-uru ing Ngabêsi. Wontên wartos, kala têngah-têngahaning wulan Sèptèmbêr wontên saradhadhu Italie 200 sami dipun prajaya dening têtiyang Ngabêsi ing Adua. Nanging panêmpuhipun tiyang golongan rêrêsah wau kenging dipun undurakên. Kala wêkasanipun wulan Augustus wontên têmpuhan ing Makêlê. Margi saking Dessie dhatêng Massana kathah panggenan ingkang dipun risak dening bangsa Ngabêsi. Miturut wartos ing pundi-pundi tuwuh panêmpuh ingkang sakalangkung ngêgèt. Ingajêng tanah Ngabêsi misuwur satunggiling nagari ingkang ngêdalakên têdha, nanging kosokwangsulipun, ing sapunika malah dados damêl, kêdah dipun jogi têdha saking jawi. Umumipun ing sapunika ing tanah Ngabêsi dados satunggiling nagari ingkang awis têdha.

--- 1327 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

22

Sakesahipun putra raja têtiga sawadyabalanipun saking ngriku, Ilya lajêng anyawang ngiwa nêngên aningali kathahing prajurit ingkang sami pêjah jalaran saking pangamukipun wau, sami pating galethak, pating kalumpruk, ing ngriku Ilya katuwuhan manah wêlas dhatêng têtiyang ingkang sami nêmahi pêjah, namung jalaran saking amituruti bandaranipun anggèning sami rêmên anjarah-ayah wontên ing sanès praja. Sêmu sungkawa Ilya lajêng ambandhangakên kapalipun lumêbêt ing kitha ingkang mêntas dipun kêpung wakul binaya mangap dening mêngsah wau. Dene papan ingkang kajujug, inggih punika: ing greja. Sadaya têtiyang ing kitha ngriku sami ngêmpal wontên ing greja, sami nênuwun dhatêng Pangeran supados dipun lêbura dosanipun, lan ing kala punika sadaya sampun sami sumadhiya manawi kapundhut ing pangayunaning Pangeran, sampun kanthi lêga rila pamitan kalihan donya punika. Dumadakan ujug-ujug korining greja kabikak saking jawi saha botên watawis dangu wontên tiyang lumêbêt ing ngriku ingkang mangangge kaprajuritan, ingkang adamêl sakalangkung kagètipun têtiyang ingkang sami ngêmpal wontên ing salêbêtipun greja wau sadaya. Sadumuginipun ing nglêbêt prajurit wau suka sasmita, bilih piyambakipun punika angrungkêbi agami Kristên, inggih punika sarana nêlungakên badanipun kanthi andhap-asor sangêt dhatêng pundi-pundi panggenan. Ingkang rumiyin sampun tamtu dhatêng prênahing gambar nabi ingkang dados sêsêmbahanipun, salajêngipun dhatêng ibu Mariyah, saha nêlungakên badanipun malih dhatêng sadaya tiyang ingkang ngêmpal wontên ing salêbêting greja wau, ing wusana piyambakipun lajêng cariyos dhatêng tiyang kitha Cèrnogop wau kirang langkung makatên :

Kula ngaturi sugêng dhatêng sadaya ingkang sami dêdunung wontên ing kitha Cèrnogop ngriki. Kula kalawau mirêng anggèn panjênêngan nyuwun pangapuntên dhatêng ingkang Kuwasa mênggahing dosa panjênêngan sadaya. Ingkang makatên punika kula anyarojani sangêt, awit mênggahing tiyang gêsang punika, sampun limrah anandhang dosa, amila inggih sampun wajibipun bilih nyuwun pangapuntên mênggahing dosanipun, dhatêng ingkang aparing gêsang. Nanging ingkang kula botên mangrêtosi, dene panjênêngan sadaya katingal prihatos kadosdene têtiyang ingkang badhe nilar donya punika.

Mênggah wangsulanipun ingkang tinakenan kirang langkung makatên :

Walèh-walèh punapa, anggèn kula sadaya sami angêmpal wontên ing salêbêting greja ngriki punika, sajatosipun botên sanès pikajêngipun, kajawi nyuwun ngapuntên mênggahing dosa kula sadaya dhatêng ingkang Murbèng Kuwasa, sarta nêdya ngêsrahakên jiwa raga kula sadaya dhatêng ingkang paring gêsang. Awit botên watawis dangu malih kula sadaya tamtu pinêjahan dening mêngsah, awit ing samangke kitha ngriki kinêpung wakul binaya mangap dening putra raja tiga cacahipun, sawadyabalanipun ingkang botên kantênan kathahipun, ingkang sumêdya amêjahi kula sadaya, sarta anjarah-rayah barang darbèk kula sadaya.

Ilya mèsêm saha wicantên:

Môngga, sami mêdal ing sajawining kitha, dhatêng ing ara-ara ingkang angubêngi kitha. Ing ngriku mangke panjênêngan sadaya badhe uninga, kadospundi badhe kadadosanipun prajurit ingkang panjênêngan ngandikakakên botên kantênan kathahipun wau.

Mirêng wicantênipun Ilya ingkang makatên punika, têtiyang sadaya wau katingalipun sami bingah sangêt, sarta lajêng sami sarêng-sarêng bidhal mêdal ing jawi kitha ningali kawontênanipun ing ara-ara, gumunipun têtiyang kathah wau sakalangkung-langkung sarêng nyumêrêpi bilih ing papan ingkang suwaunipun kêbak prajurit sapunika katingal rêsik mamring. Nanging saking katêbihan katingal wontên pakuwon pintên-pintên anggrêmbêl dados satunggal, ingkagn dipun banderani sanès bandera Rus. Anèhipun, dene ing ngriku sêpên botên wontên prajuritipun satunggal-satunggala. Sarêng têtiyang kathah wau anyakêti mriku, gumunipun tanpa upami, awit ing ngriku dhacahcacah. mayiting mêngsah, sami pating glethak, pating lêmpuruk wontên ing sakiwa têngênipun pakuwon-pakuwon wau. Sakala ngriku têtiyang kathah wau inggih lajêng mangrêtos, bilih sadaya punika botên sanès kajawi pandamêlipun satriya ingkang mêntas dhatêng punika. Dados inggih satriya punika, ingkang ngluwari kitha padununganipun saking pangêpanging mêngsah wau. Saking gênging panarimahipun, têtiyang sadaya wau lajêng sami nêlungakên badanipun ngantos tumêlung sangêt, saha lajêng sami wicantên makatên:

Dhuh, tuwan, kula sadaya botên sagêd anglairakên gênging panuwun kula sadaya dhatêng panjênêngan anggèn panjênêngan sampun angluwari kula sadaya saking pangêpanging mêngsah. Nanging kaparênga kula sadaya nyuwun sumêrêp, asli panjênêngan punika saking pundi, sintên ingkang pêputra, tuwin sintên asma panjênêngan piyambak. Panuwun kula sadaya, mugi panjênêngan krêsaa mangagêngi kitha ngriki, sarta angadili ngriki.

Nanging Ilya nampik panuwunipun têtiyang sadaya wau, sarta lajêng amangsuli makatên:

Mugi-mugi ingkang Murbèng Kuwasa botên amarêngakên, bilih wontên rencang kaangkat dados bêndara, tuwin kosokwangsulipun, makatên ugi sampun ngantos kalampahan, wontên singa nagara kaangkat dados pangagênging agami, makatên ugi kosokwangsulipun.

--- 1328 ---

Dados inggih botên utami, manawi panjênêngan sadaya lajêng ngangkat satunggiling prajurit ingkang asor kadosa kula punika, dados pangagênging kitha ngriki. Mênggah asli kula punika saking dhusun: Karacarop, botên têbih saking kitha: Murom. Dene ingkang anak-anak kula punika namung tiyang tani limrah kemawon. Nama kula Ilya. Anggèn kula anampik kaangkat dados pangagêngipun kitha ngriki, awit kula gadhah gêgayuhan sanès, inggih punika: kula kapengin ananggulangi mêngsahipun nagari kula piyambak punika, supados sampun ngantos kêkathahên cacahing rôndha tuwin lare yatim. Samangke kula kasêsa badhe dhatêng Kiyèf, prêlu sowan dhatêng Sang Prabu Wladhimir. Pundi margi agêng ingkang anjog dhatêng Kiyèf punika.

Sanadyan wangsulanipun Ilya wau sampun cêtha botên sagah anglampahi dados pangagênging kitha Cèrnogop ngriku, ewasamantên têtiyangipun sajak dèrèng narimah, malah saya ngangsêg panarosipun, awit salaminipun gêsang têtiyang sadaya wau dèrèng nate sumêrêp satunggiling satriya prajurit ingkang samantên mênggahing kêkiyatan punapadene kadibyanipun. Makatên ugi dèrèng nate amêningi satriya ingkang jêmbar kawruh tuwin luhur bêbudènipun kados satriya ingkang angakên namung anaking tiyang tani limrah kemawon wau. Salajêngipun têtiyang kathah wau sami suka pisungsung bokor tiga, ingkang satunggal dipun kêbaki êmas, satunggalipun malih dipun isèni salaka, lan bokor ingkang ôngka tiga isi sêsotya. Klayan anyukakakên bokor tiga wau, botên kèndêl anggènipun ngarih-arih supados Ilya puruna dados pangagêng ing kitha ngriku, kanthi prasêtya bilih sadaya tiyang salami-laminipun badhe sami tansah sêtya lan mituhu punapa pakènipun. Nanging Ilya, botên namung botên sagah anglampahi dados pangagêngipun ing kitha ngriku, malah ugi botên purun anampèni ingkang dados pisungsungipun têtiyang sadaya wau. Ingkang dipun kajêngakên ngêmungakên têtiyang wau puruna suka sumêrêp ing pundi margi agêng ingkang anjog dhatêng ing kitha Kiyèf punika. Sarêng têtiyang ing kitha Cèrnogop sami cêtha, bilih sêdyanipun Ilya punika kêncêng badhe tumuntên anglajêngakên lampahipun, sadaya wau lajêng kèndêl anggènipun sami ambujuk murih puruna dados pangagêngipun. Ing wusana lajêng sami cariyos kirang langkung makatên:

Dhuh, tuwan, andadosakên cuwaning manahipun sadaya kônca ing kitha ngriki, dene panjênêngan botên krêsa amagêngi kula sadaya, ananging ing sarèhning adrêng krêsa panjênêngan sumêdya anglajêngakên lampah, amila kapêksa kula sadaya kêdah anarimah. Nanging kaparênga kula umatur: mênggah sajatosipun margi ingkang anjog dhatêng Kiyèf, punika ing samangke sampun botên kenging dipun ambah malih, jalaran sampun katuwuhan têthukulan inggil-inggil ngantos sampun botên katingal malih sipating margi. Dene margi wau anggènipun botên kaambah ing tiyang sampun taunan. Mênggah jalaranipun, ing ngriku wontên sambekalanipun tigang warni, ingkang adamêl mirising tiyang, inggih punika: ingkang kapisan, ing sacakêtipun wana Brinêski wontên rawanipun agêng. Sintên ingkang kasasar mriku, sagêd ical tanpa lari. Sambekala ingkang ôngka kalih, wontên ing sacakêtipun wit agêng ing sapinggiripun lèpèn: Smaradina, ing ngriku wontên wit agêng tiga ingkang pang-pangipun sami pêpulêtan dados satunggal, sarta dados pandhêlikanipun satunggiling begal nama: Solowe. Mênggah kadibyanipun begal punika tanpa tandhing, sintên ingkang dhawah ing tanganipun, tamtu tiwas. Sampun kathah para satriya utawi prajurit ingkang kumapurun ananggulangi begal wau, nanging botên wontên satunggal ingkang sagêd waluya, sadaya-sadaya sami kenging dipun pêjahi. Dene sambekala ingkang ôngka tiga, punika ingkang dados griya padununganipun begal: Solowe watu,wau. ingkang prênahipun botên watawis têbih saking papan pandhêlikanipun wau. Mênggah papan padununganipun punika awujud griya agêng ingkang kaêdêgakên wontên ing sanginggiling wit agêng pitu. Dene ingkang manggèn wontên ing ngriku, bojonipun ênèm tuwin anakipun sanga, ingkang tiga èstri, ingkang nêm sami jalêr. TiyaTiyang. sadasa punika saklangkung ambêg siya, punapadene botên pisan-pisan gadhah wêlas dhatêng sasami-sami. Sintên tiyangipun purun langkung mriku, punika têmtu lajêng dipun cêpêng, sarta lajêng kangge dêdolanan kadosdene caranipun kucing dolanan tikus. Kèndêlipun anggèning misakit tiyang wau, manawi sampun dumugi pêjah. Samantên mênggah ambêgsiyanipun tiyang sadaya wau. Amila sabên tiyang inggih lajêng sami jinja langkung ing ngriku punika. Jalaran saking punika panuwun kula sadaya mugi panjênêngan sampun ngantos miyos margi punika, langkung sae mêdala ing margi sanès, lêrês langkung têbih sawatawis, nanging marginipun sakeca, botên wontên godha rêncananipun punapa-punapa.

Ilya amanah sakêdhap saha lajêng cariyos makatên:

Kula isin manawi ngantos botên mêdal ing margi ingkang langkung cêlak punika. Sêdya kula badhe mêdal ing margi wau, lan panuwun kula dhatêng Pangeran, mugi-mugi kula sagêda ananggulangi ingkang dados sambekalanipun wau, ingkang ing wusananipun margi wau sagêda kaambah malih.

Salajêngipun, Ilya lajêng nyengklak kapalipun, saha kabandhangakên anuju dhatêng Kiyèf, mêdal ing margi ingkang kacariyosakên kathah sambekalanipun wau.

Badhe kasambêtan.

--- 161 ---

Nomêr 41, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn. Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Wangsulan katur sadhèrèk Arun ing Sêmarang.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 82.

Bab I. Punapa têgêsipun gêsang cara modhèrên.

Gêsang cara modhèrên, modhèrên makatên gênah cêtha têmbung ngatas angin, ingkang anggadhahi têgês: sarwa enggal. Dados sok tiyanga ingkang sumêdya badhe gêsang cara gagrag enggal wau, inggih punika gêsang cara jaman samangke punika, punika kêdah mriksa rumiyin dhatêng kawontênaning jamanipun, môngka yèn nitik jaman samangke punika sampun cêtha sangêt manawi kawontênanipun namung sarwa rêkaos, sarwa pait, sarwa mlilit, lan sapanunggilanipun. Punapa inggih ta yèn kawontênaning jaman ingkang sarwa rêkaos kados makatên punika gêsang kula sadaya badhe risak. E, inggih duka dhing yèn panjênênganipun sadhèrèk Arun dèrèng nate kataman pait gêtêring jaman rêkaos punika. Nanging kados lôngka sangêt yèn manungsa saindênging bawana punika botên sami kraos lan rumaos katrajang pangamuking lesus malèsèt. Mila botên wontên malih pananggulangipun kajawi kêdah wani gêsang cara gagrag enggal, inggih punika kêdah wani gêsang prasaja, gêsang sarwa ngirit (gêmi nastiti ngati-ati). Hla, inggih punika ingkang nama gêsang cara modhèrên. Duka panjênênganipun sadhèrèk Arun, kadospundi tumrap sariranipun mênggah gêsang cara modhèrên wau saking pamanggihipun, punapa kêdah sarwa brêgas: sarwa kèju, martega, radhiyo, mèbêl wêdalan Andrisê, sapanunggilanipun.

Bab II. Kadospundi gêsangipun wanita mudha ingkang winastanan modhèrên. Bab punika kados sampun katêrangakên dening sadhèrèk Landêp (mariksanana Kajawèn ôngka: 74), namung ing ngriki kula inggih andhèrèk nguruni pamanggih sawatawis murih saya cêtha.

Wanita mudha ingkang winastanan modhèrên punika saking pamanggih kula kenging kagrêba dados kalih, sapisan, inggih punika kadosdene katêranganipun sadhèrèk Landêp, kaping kalih kados ngandhap punika:

Wanita mudha ingkang niru tatacara utawi kasusilan [kasusila...]

--- 162 ---

[...n] kilenan, jalaran kabêkta saking sêsrawungan lan pakulinan ing sabên dintênipun nalika taksih sinau wontên ing pamulangan ingkang adhêdhasar kilenan, upaminipun Mulo., H.B.S., A.M.S. lan sanès-sanèsipun. Môngka daya pandhêsêking kawruh lan kasusilan kilenan wau tumanduking dhatêng bôngsa kula anggêgirisi sangêt, mila inggih botên lôngka yèn lajêng para wanita mudha bôngsa kula kasupèn utawi ngêmohi dhatêng kasusilanipun piyambak, sanajan kasusilanipun piyambak wau botên kirang ingkang taksih prayogi dipun angge, kosokwangsulipun tatacara utawi kasusilan kilenan wau inggih dèrèng kantênan sae sadaya. Namung sarèhning manungsa punika kawon dening daya pandhêsêking jaman, dados sok inggih lajêng wontên lêlampahan salah kaprah. Kados yèn kalajêng-lajêngakên ngrêmbag bab punika, rêkaos sangêt ingkang dados juru panimbang.

Badhe kasambêtan

Mbok S. Wir, Rêmbang

Bab olah-olah

Bothok jagung nèm

Mundhuta jagung nèm sadasa iji, yèn sagêd miliha ingkang mêntas ngundhuh, awit raosipun lêgi, punika kaparud, kaulêg sarêng kalihan urang têlês ingkang sampun kaoncekan. Bumbunipun: sarêm, lombok, brambang, bawang, kêncur, godhong jêram purut, laos, kêtumbar, jintên, gêndhis pêthak sasendhok tèh.

Bumbu wau kaulêg rumiyin, manawi sampun lêmbat, parudan jagung tumuntên dipun ulêg pindhah ngantos lumêr, katoyanan santên samurwatipun. Lajêng ngublaka tigan ayam, satunggal punapa kalih, kaêmoran kêthokan godhong brambang, ulêg-ulêgan kasêbut lajêng kacarub dados satunggal, tumuntên dipun wungkusi, kakukus. Minôngka lawuh nêdha.

Bothok sêkar sêmbadra

Langkung rumiyin nêrangakên godhong sêmbadra, inggih punika jinising tanêm tuwuh bôngsa pêthetan marambat, adhakan katanêm ing sangajênging griya utawi ing pagêr, wigatos kangge aling-aling angin. Yèn ing padunungan kula, sawênèh tiyang mastani: sêkar Prabu Kênya, mênggah wujuding godhongipun ijêm, wangun saèmpêr kupu, sêkaripun pêthak, sok karambatakên ing taritising griya utawi payon.

Pêthetan kasêbut nginggil punika kajawi manjing minôngka pasrèn, pupus tuwin sêkaripun kenging kadamêl lawuh nêdha, inggih punika kakukus minôngka kuluban, mathukipun mawi kalethokakên ing sambêl asêm.

Wondene sêkaripun, prayogi sangêt yèn kabothok mawi kacampur kalihan daging cacahan, urang lêmbat, tigan ayam, rajangan lombok ijêm sarta kêthokan godhong brambang. Mênggah bumbunipun: sarêm, traos, kêmiri, brambang, bawang, kêtumbar, laos, godhong jêram purut, lombok abrit watawis 2-3 iji, gêndhis pêthan [pêtha...]

--- 163 ---

[...n] sasendhok tèh, asêm kalih klungsu. Bumbu punika kaulêga ingkang lêmbat sarta lumêr, lajêng katoyanan santên samurwatipun, lajêng sêkar sêmbadra tuwin ubarampenipun wau kacampur ing ngriku, namung pangêrmoring tigan kêdah sarana kaublak langkung rumiyin, kasarêng kalihan rajangan lombok ijêm tuwin kêthokan godhong brambang. Bilih sampun samêkta sadaya, kadadosakên satunggal, tumuntên dipun wungkusi mawi godhong pisang gajih utawi pisang kluthuk ingkang nèm, agêng aliting wungkusan sakêparêngipun ingkang ngolah, lajêng kakukus ngantos matêng. Wah punika miraos yêktos, lowung kangge cagak bêtah. Wosipun yumbang lêlawuhan nêdha.

Badhe kasambêtan

Kula juru dang K. 1815

Ing Malang.

Pawon agêng

Ingkang dipun wastani pawon agêng, punika papan kangge olah-olah ingkang nyêkapi kangge ngingoni tiyang kathah. Namung limrahipun ingkang dipun wastani pawon punika papan kangge olah sêkul, dene lugunipun ingkang nama pawon punika papanipun ingkang kangge nglatoni.

Tumraping karaton, ingkang dipun wastani pawon agêng, punika inggih papan ingkang kangge ngolah sêkul kangge ingoning kawula dalêm ingkang sami angsal cadhong sêkul. Ing ngriku caraning olah (adang beda sangêt kalihan caranipun tiyang adang limrah, dandangipun patèn dipun lepa kalihan pawon, dipun wastani: sablugên, cacahipun pintên-pintên dasa, dipun latoni tanpa kèndêl ngantos sakacêkapipun.

Nanging tumrap cara kilenan, cara ngingoni tiyang kathah sabên dintên, punika kathah, kados ta ing kapal, hotèl ingkang agêng-agêng, saya malih ing tangsi. Mila bab caraning olah sêkul wau inggih dipun wontênakên pirantosipun piyambak, botên beda kados caraning ngliwêt, nanging pirantosipun agêng sangêt, sacêmplungan kenging kangge ngolah uwos saprapat dhacin.

[Grafik]

Ingkang pinanggih ing jaman sapunika, kathah tiyang angguran, golonganing angguran wau wontên ingkang angsal cadhong sêkul saking nagari sabên dintên. Ingkang makatên punika tumrap pangolahing sêkul ugi ngangge pirantos kados ingkang dipun tindakakên wontên ing kapal sapanunggilanipun wau. Wujudipun kados ingkang kacêtha ing gambar. Punika ingkang tumindak wontên ing Bandhung, kangge ngingoni tiyang 1000.

--- 164 ---

Bab palakrama

Cara enggal

Tatacara punika pancèn ewah-ewah, kabêkta kawontênaning jaman ingkang dipun lampahi. Kathah sangêt tatacara Jawi ingkang sampun oncat saking paugêran kina, prêlu kangge nututi lampahing jaman, makatên ugi bab palakrama, punika inggih sampun ewah-ewah tinimbang lampahipun ing kina. Miturut sêrat-sêrat babad, ing kina, nalika tiyang Jawi taksih winastan mulya, inggih punika kala jaman Majapait minggah, lampahing palakrama punika ingkang kathah tiyang sêpuh sarujuk kalihan anak, inggih punika lare dipun taros rumiyin, punapa condhong badhe kadhaupakên kalihan punika, manawi sampun sami condhongipun, tiyang sêpuh ingkang rêrêmbagan. Wontên ugi ingkang pilihan saking lare, tiyang sêpuh ingkang nglantarakên, wosipun tiyang sêpuh kalihan lare kêdah sarêmbag, ewadene ugi wontên lare ingkang gathuk piyambak, nanging punika kalêbêt nyêbal.

Sapêngkêripun punika, sarêng tiyang Jawi suda kuncaranipun, lampahipun palakrama lajêng ewah, kados cara lami ingkang mêntas kula andharakên ing ngajêng.

Dumugi jaman sapunika, sarêng tiyang jawi badhe wangsul kamulyanipun, bokmanawi lampahing palakrama ewah malih ngangge cara enggal, inggih punika ingkang kalimrah katindakakên para mudha pangajaran. Bab sêsemahan punika limrahipun katindakakên (pamilihipun) saking lare piyambak, amargi manawi ngèngêti agênging prêlu, sarta têtanggêlanipun tiyang sêsemahan, mokal sagêdipun nêtêpi manawi angsalipun botên kanthi katrêsnan sayêktos, kalihan malih sêsemahan punika manawi wontên pait gêtiripun, ingkaingkang. ngraosakên inggih lare ingkang nglampahi piyambak, dados manawi pamilihipun kapasrahakên ing tiyang sanès, punika nama gumluwèh sangêt, sarta tiyang ingkang gumagah purun amilih-milihakên, punika manawi klèntu, ngantos damêl sangsaranipun lare ingkang nglampahi, tiyang wau nama duraka sangêt, awit prasasat nyukani wisa dhatêng anak. Mila prêlu sangêt para lare nèm kêdah ngupados jodho piyambak, sabab ingkang dipun jak nyanggi têtanggêlaning gêsang.

Ing ngajêng sampun kula aturakên manawi sêsemahan ingkang sagêd nêtêpi punika kêdah dhêdhasar katrêsnan sayêktos, kadospundi pamilihipun jodho, ingkang sagêd angsal makatên, amasthi botên cêkap ningali wêwarnèn sarta solah tingkahipun kemawon, nanging prêlu sangêt kêdah nyumêrêpi pamanahan sarta kalakuanipun rumiyin, wusana ngantos sagêd nanêm katrêsnan, aos-ingaosan, ingkang badhe kangge talês dhêdhasaripun ing benjing. Dene sagêdipun makatên, sampun tamtu kêdah katindakakên sarana wêwanuhan rumiyin, nanging sampun kasupèn, tujuning wêwanuhan namung kangge nyumêrêpi kalakuan, sarta nanêm katrêsnan, upami kêdah ngantos langkung saking punika, punika sanès ingkang dipun kajêngakên cara enggal.

Badhe kasambêtan

Brata Raharja

K. 1753

--- [1329] ---

Ôngka 85, Stu, Lê: 18 Ruwah, Ehe 1868, 23 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pêrang-pêrangan Agêng wontên Laladan Surakarta - Kasangsaran Motor Mabur T. 13 - Pamrayogi Utawi Pitêdah Sawatawis Tumrap Tiyang Wawrat - Wulang Prasaja - Bab Pandamêling Sela Akik - Sêratipun Petruk dhatêng Garèng - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Budi Rahayu

Têtêmbungan: Budi rahayu punika sabên tiyang sampun mangrêtos kajêngipun, saya saupami wontên wulang: tiyang kapurih nglampahi rahayu ing budi, punika bêbasanipun kados: mêri dipun ajar nglangi, ingkang kajêngipun ing ngriki, sanadyan tanpa dipun wulang, inggih sampun mangrêtos, jalaran saking gampiling kajêngipun.

Manawi ngèngêti katrangan ingkang kados makatên punika, sajak-sajakipun inggih sampun maton. Nanging manawi ngèngêti luhuring karahayon, kados-kados gawatipun anglangkungi.

Tumraping panggagas, rahayu punika panggenanipun adhakan, nanging angèl dipun grayang, angèlipun wau jalaran saking pun rahayu tansah sêsandhingan ingkang sairib rahayu. Upaminipun tiyang botên pasah dipun suduk, sagêd nulak sawarnining sambekala, tuwin sanèsipun, punika lajêng katingal bilih punika tiyang linangkung. Inggih kalangkungan ingkang kados makatên punika ingkang dayanipun marêmakên, ngungkuli ngandhut karahayon ingkang saèstu.

Cêthanipun makatên, saupami wontên tiyang dipun taros, pilih pundi dados tiyang linangkung kalihan tiyang rahayu ing budi, punika adhakanipun tamtu milih dados tiyang linangkung, awit punapa kalangkunganipun, nama sampun dados pasêksèn, inggih tôndha yêktinipun, kados ta dipun suduk botên pasah. Tiyang ingkang badhe sêdya awon, sawêg malêbêt dhatêng pakaranganipun kemawon sampun mêcicil. Lah badhe pados punapa.

Nanging manawi nyata mangrêtos dhatêng kajênging rahayu, pinanggihipun tamtu nglangkungi bangsaning kasêktèn wau, têgêsipun, sampun botên wontên tiyang badhe nyuduk, saking kêdayan ing rahayunipun, ing donya sampun botên wontên mêngsah. Badhe botên wontên tiyang sêdya awon, saking sampun botên wontên wiji awon.

Suraos ingkang kados makatên punika, pinanggihing sarinipun nama ngosokwangsul balêjêd. Nanging punapa inggih botên rêkaos tiyang ngêmohi dhatêng kêlangkungan, awit kalangkungan punika ingkang limrah dados idham-idhamaning ngakathah. Môngka ingkang nama golonganing kalangkungan punika ngêbaki jagad, tuwin adhakan tansah kêjumput.

Cêkruktruna.

--- [1330] ---

Pêrang-pêrangan agêng wontên laladan Surakarta

[Grafik]

Sampun sawatawis dintên ing laladan Surakarta wontên pêrang-pêrangan agêng ingkang dipun senapatèni Jendral Mayor G.A. Ilgen (gambar nginggil sisih kiwa). Pêrang-pêrangan wau mindha kêdhatêngan mêngsah minggah saking Pacitan ngangsêg dhatêng Wanagiri. Wadyabala praja ngunduri dhatêng Surakarta tuwin Kartasura.

Ingkang nindhihi pabarisan praja Opêrsêtê De Veer (gambar nginggil têngah, sawêg rêmbagan kalihan andhahanipun), dene wadya mêngsah dipun tindhihi dening Kolonèl van Kasteren (nginggil têngên).

Gambar ing têngah nginggil, wadyabala ambêkta barang kabêtahaning pêpêrangan, lampahipun sêlur tansah lumintu. Ngandhapipun, wadyabala praja nglêpasi mêngsah ingkang katingal. Ing ngriku swaraning sanjata bêbrondongan.

Sisih têngên mriyêm-mriyêm pananggulang mêngsah saking gêgana. Adêging wadya wau katingal anggèning sarwa prayitna, tansah niling-nilingakên dhatêng swawaraswara. ing gêgana. Sadaya sampun ngangge topèng panulak bêbaya gas.

--- 1331 ---

Kasangsaran motor mabur T. 13

[Grafik]

Motor mabur T-13 ingkang dhawah wontên sacêlaking Ujung Awar-awar

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn bab kasangsaran motor mabur T.13. Mênggah katranganipun sawatawis makatên:

Motor mabur T.13 wau anggêgana saking Batawi badhe dhatêng Surabaya, panggagananipun ing wanci dalu, ambêkta pangagêng-pangagêng Marine Surabaya. Nalika panggagananipun T.13 ingkang cakêtan T.16, dumugining Ujung Awar-awar sanginggiling sagantên panggènaning kasangsaran kapal Van der Wijck, narajang pêdhut ingkang sakalangkung kandêl, tuwin jawah dêrês, ngantos botên sagêd sumêrêp punapa-punapa babarpisan, mila motor mabur T.13 kêpêksa badhe mandhap.

[Grafik]

Opêrsêtê H.G. de Bruyne ingkang nêmahi tiwas

Ing kala punika motor mabur T.16 sumêrêp kalebating motor mabur kumleyang lajêng dhawah ing sagantên, nanging T.16 botên sagêd têtulung, amargi ugi manggih pakèwêd piyambak, namung lajêng sagêd mandhap wontên ing papan balêthokan. Ing ngriku lajêng têtulung sêsarêngan kalihan têtiyang ing Brondong. Nanging ing dalu wau pakèwêd anggènipun nindakakên pitulungan, sagêdipun tumandang yêktos sarêng sampun enjing, saha lajêng kêtungka dhatêngipun kapal pêrang Rigel tuwin montor mabur sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Pêpêthan gambar panggenan dhawahing motor mabur.

Têtiyang 9 ingkang numpak motor mabur T.13 sami nêmahi tiwas. Salajêngipun sami dipun kubur wontên ing Surabaya.

--- 1332 ---

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang èstri ingkang wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 84

Yèn tiyang damêl septietank ingkang enggal, kangge nanggulangi baksil kêras ingkang wontên ing rêrêgêd ingkang dhatêng enggal, supados tumuntên sagêd tumindak enggal, kêdah mêndhêt rêrêgêd ingkang sampun lami saking jumblêng ingkang sampun kangge lami, minôngka bibit, awit ing rêrêgêd ingkang lami wau sampun andados lan tangkar-tumangkaripun rottings baktèri sampun kathah sangêt (kiyat) sagêd mêngsah utawi nanggulangi baksil ingkang kêras saha ambêbayani wau.

Baktèri ingkang migunani dhatêng tiyang, inggih punika melkzuur, baktèri ing puhan, lajêng sagêd dados kêcut lan sagêd dados karnemelk, lan lajêng sagêd dados mêrtega (boter).

Baktèri (gistcellen) dhèg kangge damêl roti, sadèrèngipun roti dipun bêntèri (bakar) kêdah dipun sukani utawi momori badhèg rumiyin, prêlunipun roti sagêda mangkag, utawi mêkar agêng.

Ragi ingkang kangge campuran damêl anggur utawi arak, yèn cara Jawi tiyang damêl tape, dang-dangan kêtan utawi pohung, sasampunipun asrêp, dipun sukani ragi (tukang damêl tape mangrêtos sapintên kathah sakêdhikipun ragi ingkang kangge ngêmori wau) lajêng sagêd dados tape.

Baksil ingkang sagêd nukulakên sêsakiting tiyang ngêdalakên rêrêgêd utawi wisa (toxin) kados ta baksil dysenterie, diphtherie, tetanus lan sapanunggilanipun, inggih punika ingkang ambêbayani tumrap tiyang saras.

Baksil-baksil ingkang sagêd nukulakên wond infectie, inggih punika baksil ingkang sagêd damêl ontsteking ngêdalakên nanah, streptococcen, stophylococcen lan sapanunggilanipun, katingal ing microscoop bundêr-bundêr (coccen) punika sagêd ambêbayani tumrap tiyang ingkang kataman.

Kulit utawi dagingipun tiyang ingkang babak utawi tatu ingkang katularan rêrêgêd (baksil) punika, ing panggenan lumêbêtipun baksil wau lajêng thukul absces (wudun), agêng alitipun wudun gumantung kêras lan kirang kêrasing baksilipun ingkang ngrisak lan ngêdalakên toxin (wisa).

Yèn baksilipun ingkang botên patos kêras, wudun wau botên mrèmèn sarta lajêng sagêd matêng, mêcah sagêd saras piyambak. Nanging manawi baksilipun kêras (streptococcen) wudun wau sagêd mrèmèn, nanahipun sagêd lumêbêt ing êrah, lajêng sagêd thukul bloedvergiftiging inggih infectie, punika ambêbayani, sagêd aniwasi.

Yèn baksil streptococcen lumêbêt ing jêroan sagêd nukulakên absces utawi ontsteking ing jêroan wau, tiyang ingkang sakit namung katingal sakit bêntèr sangêt atêtêrusan.

Pancèn tandhanipun yèn wontên ontsteking punika

--- 1333 ---

ing panggenan ingkang katrajang 1 bêntèr, 2 abuh, 3 abrit, 4 kraos sakit sênut-sênut. Manawi jêroan ingkang kenging ontsteking, inggih botên katingal abuh abrit saking jawi, namung katawis bêntèr sangêt kemawon.

Sanadyan tiyang èstri ingkang botên mêntas anglairakên jabang bayi, namung wawrat inggih sagêd katularan baksil.

Tuladha ing taun 1924 dening bôngsa Tionghwa hartawan, kula dipun purih mriksa lan anjampèni semahipun ingkang sakit bêntèr têtêrusan, sampun sakawan dintên, dipun aspirin bêntèripun botên sagêd mandhap. Sarêng kula priksa, pinanggih nyonyah wau wawrat kawan wulan, kula pitakèni anggènipun sêne pancèn ragi kirang tinimbang sabênipun. Kula lajêng gadhah pangintên, bilih ginjêlipun ingkang ewah, mila kula nêdha uyuhipun. Sarêng kula priksa sarana microscoop, pinanggih wontên baksilipun streptococcen grombolan kathah, dados têrang utawi nyata sêsakitipun nyonyah wau katularan baksil streptococcen ing ginjêl. Kula pratela dhatêng kulawarganipun, yèn nyonyah wau sakitipun kados makatên punika, dene jampinipun kêdah dipun suntik sèrêm streptococcen. Ing sarèhning kula punika namung dhoktêr tiyang siti kemawon, dados bôngsa Tionghwa hartawan wau botên patos pitados, mila nêdha consul dhoktêr speciaal ingkang pintêr bab sêsakitipun tiyang èstri inggih punika tuwan Dr. L. (vrouwen arts) saking Sêmarang. Sasampunipun ingkang sakit kapriksa dening dhoktêr wau, nêtêpakên yèn sêsakitipun nyonyah punika typhus. Kula lajêng nêdha supados êrahipun nyonyah wau kapêndhêt kapriksakakên ing Laboratorium ing Sêmarang. Kulawarganipun ingkang sakit nalika mirêng yèn sêsakitipun typhus, sami lêngêr-lêngêr saha sami ningali kula dene pamanggihipun dhoktêr Sêmarang botên cocog kalihan pamanggih kula. Ananging sarêng sampun tampi kabar saking Laboratorium, yèn papriksan êrah wau negatief, botên pinanggih wisanipun typhus, ingkang jalêr saha bapa biyungipun nyonyah ingkang sakit, lajêng pasrah dhatêng kula. Nyonyah ingkang sakit lajêng kula suntik sèrêm streptococcen kaping gangsal, bêntèripun ical sarta lajêng saras.

[Iklan]

Ing taun 1926 nyonyah wau wawrat malih 5 wulan, ugi sakit bêntèr, dipun garap dhoktêr sanès ngantos saminggu bêntèripun botên sagêd sirêp utawi suda. Sarêng kula dipun purih mriksa uyuhipun, kapriksa mawi microscoop, pinanggih wontên streptococcen malih nanging namung sawatawis grombolan, ingkang sakit kula suntik kaping tiga sagêd saras.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja.

Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1334 ---

Wulang prasaja

[Sinom]

Wong anom dipadha bisa / ngrêti karo nênitèni / carane wong jaman kuna / ênggone padha nuntuni / mênyang panggawe bêcik / tumrap marang anak putu / sing akèh ora wantah / kang wus kêlumrah diwèhi / rasa jawa ing wulang kurang prasaja //

Sajake yèn sagêbyaran / kanggone jaman saiki / wus ora klêbu ing akal / nalare ora pakolih / saka digawe rêmit / nganti arang wong sing gadug / akèh kang nguda rasa / ngrasa tan dungkap nampani / kuwi priye têgêse karêpe apa //

Wong mung mênging mênyang bocah / linggih nglawang nyêkêl lading / lan penekan bêdhug dhrandhang / jare dadak diwêdèni / mundhak dipangan maring / Bathara Kala ing besuk / basa Bathara Kala / iku apa gone ngêndi / iku aran minihi gorohing bocah //

Yèn nganti kêtêlah tuwa / gorohe saya andadi / dadi amisani bocah / ngluwihi racun sing mandi / amarga yèn wong urip / dhêmên goroh nora wurung / kêsurang kasangsara / kênèng wêlak kanan kering / srawungane kang wus padha ginorohan //

Amarga wus ora ana / sêrik kêlaraning ati / kaya wong kang ginorohan / paribasan wis ngukumi / sabribil digorohi / sêreyal karo ditêmbung / iku lêga sêreyal / ya mulane yèn wong urip / uwis dhêmên goroh angèl dinandanan //

Saya suwe saya dadra / tundone sing digorohi / awake dhewe kadhokan / yèn uwong uwis gorohi / atine dhewe mêsthi / sabarang karêpe wurung / ora ana kêtêkan / kae-kae ora dadi / saking kabèh ora ana sing têmênan //

Kang mêngkono mau cara / wong anom jaman saiki / iku padha ingaranan / gugon tuhon apanatik / yaiku angugêmi / panggugu kang ora tuhu / têgêse ora nyata / karêpe wong nom saiki / lan bok iya barès bae kang prasaja //

Kaya ta cah linggih têngah / nglawang iku makewuhi / yèn ana laku rikatan / sok bisa ambilaèni / karone salah siji / kadhang bisa uga sampyuh / iku jênênge pasang / kala nyang awak lan malih / nyang wong liya ya ngono dipangan Kala //

Cah bêdhug dhêng pêpenekan / lan bocah anyêkêl lading / sabab yèn ing wayah têngah / awan iku gêtih-gêtih / lakune angluwihi / saka môngsa liyanipun / panasing surya gêtak / ngubak kumrangsanging pikir / barang polah cêpak salah budi rupak //

Bok barès bae prayoga / satêmêne ngono kuwi / ngiras angajari bocah / ulah panggraita lantip / tur têtêp aminihi / ati prayitna pakewuh / ya bênêr wong nonoman / panêmune mung sawiji / ing têgêse kabèh asarwa prasaja //

Ananging padha wêruha / iku isih durung titis / anggone gledhahi watak / pêpancène bocah cilik / wis racak padha ugi / tan wruh ngêdur bêsur-bêsur / karêm bôngsa ngrêrusak / padha dhêmên mitunani / amitênah niaya sapadha-padha //

Yèn ana wong susah bungah / yèn ana sing disênêngi / lara pati mung ditêmah / aja sing kêpêrang lading / manawa duwe wêdi / kulit bêdhah ngalung putung / tanpa petung wêruha / yèn golèk susuhing êmprit / mènèk mêncit miyat-miyut sing dipancad //

Apadene yèn angoyak/ [ango...]

--- 1335 ---

[...yak/] layangan pêdhot ngliwati / playune anunjang palang / upama kêsangsang uwit / dhuwura sundhul langit / tinarancag wis nora wruh / pira ajining awak / rusak tiba saka nguwit / lan rêganing dhog pêking lawan layangan //

Iku mungguh dielikna / karo satêmêning uni / nèk tiba gèk bakal bisa / lara sok tumêka pati / apêse gèthèk ciri / ora timbang sing diburu / yèn kêlumrah ing bocah / krungu têmbung ngono kuwi / malah bungah rumasa diunggar-unggar //

[Iklan]

Ora beda padha uga / prajurit kang anêngahi / arêp diangsahke pêrang / iku upama dipênging / ah apa kang pinikir / karêp krana buru umur / kathik dolanan nyawa / wangsulane mêsthi bêkis / yèn mangkono êndi nyatane prawira //

Enake para nonoman / mungguh gone padha ngudi / pamardi bêciking bocah / pangangkah kang ngati-ati / titi tètès nastiti / titike ing watak wantu / watone kawruhana / ananing wêweka ngênting / tinintingan supadya bisa sêmbada //

Sunduk prayoganing duga / kang pikantuk kanggo margi / sanajan laku prasaja / sok uga wis nyumurupi / ing karêp kang sêjati / dadi tan tumpang suh tuju / pangungsêd wèh wasita / satêmêne donya iki / arang arêp marang barang kang prasaja //

Iku wus nyata têmênan / kinikiban nora kêni / sing sapa angarah singgah / rangkèn rangkêp karêp ati / purbaning budi nêmbir / nakêr ngukur badan bliwur / prabawa golèk ngegla / nalisib anyilab-nyilib / talusuban nganggo ngraras astha wita //

P

--- 1336 ---

Kawruh Sawatawis

Bab pandamêling sela akik

Sampun dangu sangêt ing Kêbumèn wontên pakaryan damêl sela akik. Nanging emanipun dene ngantos sapriki dèrèng angsal pêkên ingkang surup lan mikantuki. Môngka manawi kamanah, dêdamêlanipun akik wau, nama botên nguciwani, kacêtha wêkdal kapitongtonakên, wontên ing Tentoonstelling Magêlang ingkang dèrèng dangu, têtela ugi nampi pangalêmbana, ewadene sarèhning ajênging dêdagangan punika gumantung wontên ingkang tumbas, môngka nitik kawontênan sapunika, bab têtumbas barang rêrênggan makatên wau, katingal kirang mrêlokakên, inggih jalaran saking môngsa paethe punika.

Mila botên susah kamanah, saha dipun prihatosakên, anggèning kirang migatosakên, tumrap tumbas bangsaning barang ingkang makatên wau. Jêr prêluning gêsang ingkang baku, ing sabên dintênipun, namung sarwa bingung.

Ngaturi priksa, sela utawi krikil, ingkang kenging kadamêl akik punika, titikanipun ingkang limrah, sanadyan taksih wungkul, manawi katawangakên ing soroting srêngenge, sampun ragi katingal padhang. Malah gatraning sêsêkaran, punapadene calon warninipun, ugi sampun sawatawis cêtha. Wondene pandamêlipun, sela utawi krikil ingkang kasêbut ing nginggil, manawi têtela taksih agêng, prayogi kapêcah rumiyin. Miturut calon badhe kanggenipun, kados ta: calon mripat sêsupe, mainan êjam, madhaliun (kalung) tuwin sanès-sanèsipun. Tumuntên katancêbakên ing pucuking kajêng, ingkang agêngipun watawis sadriji tuwin panjangipun sakilan, sarana kajabung utawi kaêlak, prêlunipun sela ingkang tumancêb ing kajêng wau, supados kêkah, saha gampil dipun cêpêngi anggèning badhe kagrenda prêlu kadamêl wangun. Sasampuning kaungkal utawi kaêlus ing grenda, lajêng kagosok ing bêling (kaca ingkang tanpa rasa), manawi sampun padhang tuwin cêtha warninipun, tumuntên kagosok ing dêling wuluh, awit punika nama dipun bilasi, amrih saya bêning akinclong-kinclong.

Namung kados makatên punika, mênggah pandamêlipun sela akik. Mila saupami sagêd angsal margi, tuwin têbaning pangupajiwa ingkang sampurna, inggih nama lumayan, minôngka cagaking panggêsangan, jalaran nitik pandamêlipun cêkap sarwa prasaja, tur kenging kasambi.

Wondene ingkang dèrèng paham, langkung-langkung ingkang dèrèng nate nyumêrêpi pandamêlipun, manawi nuju sumêrêp sela akik, ingkang kathah sêmang ing manah, asring kinintên bêling utawi bangsaning barang jênangan. Ingkang makatên wau pancèn inggih lêrês, utawi botên maibên, awit limrahing sela punika têmtu cêmêng tur pêtêng, môngka lajêng nguningani wujuding sela ingkang bêningipun kadosdene gêlas. Dene titikanipun makatên: yèn ingkang kacariyosakên akik punika, kagosok [kagoso...]

--- 1337 ---

[...k] utawi kalèlèr ing kaca (bêling), botên mêmpan tuwin kalis kemawon, punika tôndha barang jênangan utawi bangsaning bêling. Nanging manawi kagosok ing kaca môngka têdhas, kacêtha nilar tabêt ing leleran, ingkang kantun ing kaca wau awarni pêthak kados corekan kapur, punika tôndha manawi sela.

Kajawi punika prêlu katêrangakên sawatawis, mênggah beda-bedaning sela tuwin warninipun.

Sela akik wêdalan ing lèpèn Sêrayu, utawi ing lèpèn Luk Ula, katimbang sela akik wêdalan ing Kayangan (Dalêpih) kathah bedanipun. Sela wêdalan lèpèn kêkalih wau, kalêbet êmpuk, mila ragi mayar pandamêlipun, sarta manawi sampun dados akik, ingkang kathah-kathah padhangipun têrus ing jawi lêbêt. Nanging sela wêdalan saking Dalêpih, racakipun sami atos tur katingal wulêd. Punapadene ing salêbêting sela, ingkang kathah mawa urat saha wontên gatraning pêpêthan. Kados ta : dhapur lêlamuking mega, unthuking toya, tuwin pêpêthaning gana lan sanès-sanèsipun.

Mênggah warnining sela akik punika, têtela môncawarni, inggih punika abrit, pêthak, biru, ijêm, jêne, wungu, dadu, kapurônta lan sanès-sanèsipun. Wondene warni-warnining akik wau, pancèn sampun asli dhêdhasaring sela, dados botên sarana rineka daya. Mênggah nama-namaning akik punika, ingkang limrah mirid warninipun, nanging ugi wontên ingkang nyêbal.

[Iklan]

Cobi katêrangakên sawatawis, nanging ingkang badhe kula aturakên, namung lugu nama-namaning akik limrah, tuwin ingkang kêrêp kasumêrêpan ing ngakathah.

Badhe kasambêtan

Pak Wira: Kêbumèn

Pawartos saking Redhaksi

K. 2966 ing Kêbumèn, 5-9-1914, dhawah Stu, Pa, 14 Sawal Ehe 1844, 14 Sawal 1332, Kulawu, katiga. 26-10-1916, dhawah Kê, Wa, 28 Bêsar Dal 1847, 28 Dulkangijah 1334, Madhangkungan, Kalima. 8-9-1917, dhawah Stu, Lê, 21 Dulkangidah, Dal 1847, 22 Dulkangidah 1335, Gumbrêg, Katiga. 31-1-1921 dhawah Sn, Pa, 21 Jumadilawal, Alip 1851, 21 Jumadilawal 1339 Wukir, Kawolu.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing-enjing dintên Ngahad sontên tanggal 24 Oktobêr 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Rusmala Dewi (pertemuan Jawa dan Sumatra). Ingkang mêdhar sabda tuwan M. Noer St. Iskandar.

--- 1338 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang Pangabêkti

Wiyose, Kang Garèng, aja pisan andadèkake cuwaning panggalihmu, dene aku lunga saka Batawi ora pamit nyang sliramu, ora ngapaa, kang kapisan, sabab pangkatku kêsusu, kang kapindhone, aku kuwatir, yèn aku nganti pamitan, mêngko kowe banjur... anjaluk tinggalan. Yèn tak wènèhana, kuwi aku kêna diarani nuntun nyang kowe marang... laku andrêmis. Nèk ora tak wènèhi, andêlêng plêndas-plêndusing irungmu, kêthap-kêthiping mripatmu, apadene ngrungu pangrintihing suwaramu, saka ora têgêling atiku, bisa uga kalakon, kowe banjur... tak pathak watu. Kanggo nyalangi aja nganti kalakon kang mangkono kuwi mau, mulane lungaku mung ambolos bae.

Kajaba kang saka iku, Kang Garèng, sanadyan lungaku iki lagi sawatara dina bae, nanging sing wis tak alami, rupa-rupa lan warna-warna, kang kêpengin bangêt ing besuk arêp dak rêmbug karo kowe, nanging saikine sing arêp tak caritakake nyang kowe luwih dhisik ing bab kagungan damêle ingkang bupati ing Kêbumèn. Wah, nyata rame, ngêngrêng, cara Banyumase: sêmangêr, lan cara Mlayune: jitu dhan lucu.

Miturut ulêm-ulêmane, rawuhe para tamu diajêng-ajêng jam 7 thèng, hla, aku ethok-ethoke arêp cara Lônda grès, aja nganti ana sing ngarani yèn aku iki migunakake jam Jawa, diulêmi jam 7, têkane jam 8 utawa luwih, nèk diundang ing panggonan kêndhurèn, têka ngasèp mau iya ana gunane, yaiku: têka-têka mung kèri ngêpung lan ambrêkat bae. Nanging balik ulêm-ulêman ana ing kabupatèn, kathik ditêmtokake: rêsèpsi jam 7, kaya-kaya jênêng ora urmat marang sing kagungan dalêm saupama ngadhêpku nyang kabupatèn kuwi ngênggoni jam Jawa, dadi kudu ngênggoni jam Lônda sing têmênan kae, malah sabisa-bisa kudu tak lanjari sêthithik, mulane saka pondhokan pangkatku iya tak gasikake, tak ôngka jam pitu kurang sêprapat wis ngadhêp ana ing kabupatèn, ngiras-ngirus andêlêng ubale tamu sing padha rawuh.

[Grafik]

Kang Garèng, sadurunge pangkat mênyang kabupatèn, [kabupatè...]

--- 1339 ---

[...n,] ana rong prakara kang dadi prihatinku, kang kapisan: gèk kêpriye panampane tamu, pikiranaku: para tamu sing dhuwur-dhuwur sauwit kalapa, têmtune: thak, thak, têrus kêna mêdal ing pêndhapa, dene para tamu krêcil, lan bangsane ceremende kaya aku barang kiyi, têmtune: kajaba kudu nyrêpèpèh-nyrêpèpèh lakune, iya ana sing ngaloki: mêdal tritikan, mas, e, hla dalah, salah wèsêl pikiranaku mau, Kang Garèng, jêbulane ing kono ora dibedak-bedakake: sing luhur, sing andhapan, sing gêdhe, sing cilik, sing lêmu lan gêndhut padharane, lan sing kuru aking, kabèh-kabèh kaparêng: trèthèk, trèthèk, têrus padha mêtu ing pandhapa bae. Kang kaping pindho sing dadi prihatinku, mêngko gèk ana ing kono para tamu kapêksa kudu, lêpas tracak, ing batinku: wèh, kalakon masuk lesus mêngko aku iki: salah wèsêl manèh. Sabab miturut kandhane uwong, sadurung-durunge ingkang bupati wis paring wara-wara marang para priyayine: sing sapa arêp sowan anjênêngi pahargyan ing kabupatèn, ora kaparêng ninggal sêlop utawa sandhale ana ing undhak-undhakan kabupatèn, nanging kudu dianggo têrus. Ngrungu omongan sing mêngkono mau, sanalika kono rumasaku kayadene: mas ngantèn angin, dèn bèi lesus, lan sapadhane, ujug-ujug banjur matur nyang aku: klilan, Mas Petruk, botên sagêd andhèrèkakên.

Kaya sing wis tak kandhakaekandhakake. ing ngarêp, sowanku ana ing kabupatèn kira-kira jam 7 kurang sêprapat, kala samono ing pandhapa isih mamring, dadi aku kêna diarani: tamu pambarêp. Dening juru nômpa tamu (ceremoniemeester) aku kaparêng atur kasugêngan marang pangantèn sakalihan, kang kala samono wis sumadhiya ana ing papan kang wus ditamtokake. Êmbuh kaya apa patrape lakuku kalane aku marani pangantèn sakalihan mau, rikala samono aku pancèn macak gajah têmênan, jas bukak kathik kabardhin, dhasine nglawèr, ikête modang nanging ora têngah ijo, jarite latar irêng, kathik ora lali nganggo sêlop, lakuku èksêtrah bêsus, Kang Garèng, dhadha tak ungalake mangarêp, bokongku tak jalêntrikake mêmburi, sirah nglangar, lakune kathik tak sêngaja tak gawe: cêthat, cêthèt, ngono kae, iki kajaba saka bêsusku, iya saka... lunyune plêstère. Mulane sajêrone aku lumaku mau, aku anduwèni rumasa warna loro, nyut, aku rumasa lakuku kaya: Raja Tamtanus: bêdhidhig, bêdhidhig, banjur: nyut, lakuku rumasa kaya: raja... bubulên: kêcêmut, kêcêmut, kuwatir bok kêplèsèt.

Ing kala samono wis ana priyayi liyane sawatara kang lagi atur sugêng nyang pangantèn sakalihan. Nalikane aku wêruh carane ngaturi sugêng nyang pangantèn sakalihan mau, ing batin gagasanaku mangkene: wèh, isih cara Jawa dêlês, priyayi putri durung dianggêp dadi: guru rabi, nanging isih priyayi kakung sing dianggêp: guru laki, buktine sing diaturi sugêng dhisik: pangantèn kakung, sauwise lagi pangantèn putri. Tur iya wis cara Lônda, nganggo tabikan. Ya uwis, cara santrine, aku tak : amin, bae. Barêng [Ba...]

--- 1340 ---

[...rêng] dhonge aku atur sugêng mau, aku banjur marani pangantèn kakung, nêlungake badanku: glothak, banjur tabikan: krêthêk, sauwise banjur marani pangantèn putri, iya banjur mangkono manèh, nanging sajêrone aku nindakake mangkono mau, pikiranaku jêbul plêsir mrana-mrana, kèlingan jaman biyèn-biyèn. Pangantèn kakung katone gagagagah. prakosa, ngelingake aku marang: Radèn Gathutkaca modhèrên, sabab cukur rawis, pangantèn putri ngelingake nyang aku nyang Sang Dyah Prêgiwa, nanging Prêgiwa ora godhèg simbar dhadha. Sajêrone aku anggagas mêngkono kuwi mau, dumadakan bêndara radèn ayu adipati jêbul andangu nyang aku mangkene: kapan têkamu, nang. Saka gugupku, aku banjur nyêmbah rambah kaping pindho: sruput, sruput, karo umatur: inggih, brêgas. Sauwise aku banjur enggal-enggal: cithat, cithit, cithat, cithit -iku suwarane sêlopku, Kang Garèng, - bali nyang panggonaku maune.

Kala samono aku ora kobêr anggagas kaliruning aturku mau, awit katungka banjur nyawang ramene rawuhing para tamu, lan ngrungokake ramening suwara monggang, yaiki sing tak arani: rame, lan tak arani: sêmruwêng lan sêmangêr, wong iya ing sajêroning kabupatèn, kumpule para tamu kakung putri, sawarnaning bôngsa, iya bôngsa Walônda, Tionghwa, lan bangsane dhewe, kathik kumpule mau sajak sakêpenake bae, tanpa dibedak-bedakake pangkate, nyang pandêlêngan malah nganggo dilanjari: asri. Cêkake: yèn andêlêng laire, sêmune ing kala samono para tamu padha kalêgan panggalihe kabèh.

Barêng kira-kira wis jam sêtêngah wolu, saperangan tamu kang gêdhe, wis padha ngumpul ana ing pêndhapa kabupatèn. Iki para tamu sing padha nêtêpi jam Walônda têmênan, dadi nêtêpi urmate karo sing kagungan dalêm. Ewasamono sanadyan wis luwih saka jam sêtêngah wolu, iya isih ana para tamu sing rawuh, sing rawuhe jam 8 malah sing jam 9, iya ana. Dadi iki para tamu sing isih padha ngugêmi nyang jam Jawa, kasèp sajam rong jam, ora dadi ngapa, anèhe sing padha ngugêmi jam Jawa mau, sing akèh jêbul dalah tamu bôngsa... Walônda. Nanging iki iya ora kêna dipaido, bokmanawa pancèn ana sabab-sabab sing pancèn wigati, êmbuh sabab jame ulêm-ulêman pancèn jam samono, êmbuh ana ing dalan motore mogok, êmbuh arêpe pangkat kêtlingsut ... cète lambe (lippenstift).

Barêng para tamu wis pêpak mau, banjur ana priyayi putri cacahe sêpuluh, nyampinge parang rusak, rasukane sutra biru, padha nyêkar bawa pranasmara ditibakake nyang Tarupala, wadhuh, Kang Garèng, suwarane le angrangin, anglangut, turut usuk, nganti kala samono aku lali yèn aku lungguh karo para priyayi, jêbul mèlu rêngêng-rêngêng, dhuwa lolo ... ènsopurut, lan sikilku kiwa tak sêlonjorake, tak tarik mêmburi, bolak-balik, balik bolak, rumasane lagi dadi cantrik.

Wis Kang Garèng, liya dina tak banjurne dongenganaku kiyi.

Rayimu, Petruk.

Kêbumèn 20 Oktobêr 1937

--- 1341 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Pamulangan layaran ing Surabaya. Ing sapunika sampun kalampahan ambikak pamulangan layaran (zeevaartschool) manggèn ing Dinoyo 5-7-9, Surabaya. Ingkang sami dados gurunipun ing pamulangan wau sami ingkang pancèn hak ngajar. Ing sapunika muridipun sampun wontên 12 tumrap kangge lampah layaran agêng, 20 kangge lampah layaran alit tumrap tanah ngriki tuwin lampah layaran ingkang namung saênggèn. Papaning pamulangan wau amêngkêrakên lèpèn, pêrlu kenging kangge nyinau padamêlan babagan toya.

Pest ing Cilacap. Tuwan Ong Bie Kiat, sudagar ing Sidarêja ngajal jalaran sakit pest. Ing bab punika lajêng dados kawigatosanipun Pakaryan Kasarasan tuwin Pangrèhpraja. Kathah tikus pêjah ingkang pinanggih ingriku, kakintên asli dhatêngan saking sanès panggenan, saha kakintên sami nggadhahi wiji sêsakit pest.

Bal-balan ing tanah ngriki badhe katamuan saking Ceylon. Wontên wartos, sawung sawêlasan saking Ceylon badhe dhatêng nglurug dhatêng tanah ngriki. Wontênipun ing tanah Jawi badhe tandhing kalihan P.S.S.I. tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi têtandhingan wau, ugi gadhah sêdya badhe gêgandhengan kalihan tanah ngriki. Malah sapunikanipun pakêmpalan ing Ceylon wau sampun kêrêp kintun-kintunan sêrat kalihan P.S.S.I. Sawung sawêlasan wau badhe dipun pangajêngi dening tuwan Jumadin tuwin Dr. Doole, ingkang dipun apèn-apèni dening Dr. Drahaman.

Uwit karèt kina ing Kêbon Raja Bogor. Ing Kêbon Raja Bogor wontên wit karèt ingkang kapetang sêpuh kalih wit, wit karèt wau ingkang rumiyin piyambak kadhatêngakên wontên ing tanah ngriki. Wit wau ingkang satunggal ing perangan ngandhap pinanggih dipun têdha ing rayap, lajêng dipun rêsiki saha dipun jampèni. Wit wau pananêmipun kala ing taun 1876, asli saking wiji ingkang dipun ipuk dening Wickham ing Brazillie, lajêng kakintunakên dhatêng Londen, salajêngpunsalajêngipun. tumular dhatêng tanah ngriki punika.

Landbouwkolonie ing Bêran, pindhah dhatêng Klampok. Miturut wartos Landbouwkolonie ing Bêran, Ngayogya, kapindhah dhatêng Klampok, pamanggèning para murid ingkang sami dipun wulang têtanèn wontên ing tilas pabrik gêndhis ing Klampok, Banyumas. Landbouwkolonie ing Bêran punika pancèn namung kangge pangajaran lantaran, salajêngipun katindakakên wontên ing Klampok, amargi punapa-punapanipun sarwa nyêkapi. Tumrap tiyang sêpuhing lare ing sabên wulan cêkap namung ngintuni waragad saringgit, kangge mbayar pondhokan, têdha, bayaran tuwin arta jajan.

Kasangsaran ing sagantên. Sampun dados padatan, tumrap ing Probolinggo manawi nuju mangsa angin ingkang dipun wastani angin Gêndhing, punika anjalari kathah bêbaya. Sampun sawatawis dintên wontên baita pamisayan ulam dipun têmpuh ing angin anêmahi karisakan. Ing baita ngriku isi tiyang 25. Tiyang ingkang 2 ical, 1 tiwas, sanès-sanèsipun wilujêng angsal pitulungan saking juru misaya ulam sanèsipun.

Pro Juventute Surabaya. Adêging Pro Juventute ing Surabaya sampun jangkêp 20 taun. Pakêmpalan wau adêgipun kala 15 Juni 1917. Kala dhawahing dintên pèngêtan wau mawi ngêdalakên buku minangka tandha pangèngêt-èngêt, nyariyosakên ing bab tumindaking damêl pakêmpalan wau ing salêbêtipun 20 taun.

Bambing ingkang dèrèng kasumêrêpan. Kapal Pijnacker Hordijk gadhahanipun K.P.M. ingkang layaran antawising Makasar tuwin Halmaheira, lampahipun ambêntus bambing ingkang dèrèng kasumêrêpan, ing sacêlakipun Makian, Halmaheira. Rahayu dene kapal wau botên nêmahi karisakan saha lajêng sagêd uwal saking bêbaya. Ing bab punika lajêng dipun padosi dening kapal Gupêrmèn Pollux saking Mênado, saha lajêng andèkèki tandha wontên ing pêrnah kandhasipun kapal Pijnacker Hordijk. Pinanggihing papriksan, bambing wau anglojok dumugi sagantên, papanipun nyamar wontên salêbêting toya, malah kapal Pollux wau ugi mèh nrajang.

Kapal pamisayan ulam lodan. Kala tanggal 3 wulan punika ing Balikpapan kêdhatêngan kapal pamisayan ulam lodan gadhahanipun bangsa Jêpan. Dhatêngipun ingriku pêrlu mêndhêt lisah. Kapal wau wangunipun bedhabeda. kalihan kapal-kapal limrah, dhèkipun namung wontên ing wingking. Wujuding papan ingkang waradin ing dhèk wau sairip kados papan badhe kangge anggêgana motor mabur. Panjanging kapal 168 m. wiyaripun 23 m. perangan ingkang klêlêp ing toya 17.3 m. agêngipun 20.000 ton, dhatêngipun ingriku lêlajêngan saking Osaka. Kapal wau nama Tonan Maru No. 22.

Griya sakit tiyang sakit ewah. Ing bab badhe adêging griya sakit tiyang sakit ewah ingkang sampun karancang wontên ing Ambarawa, sampun badhe dipun wiwiti. Nanging pamanggènipun botên kados rancangan ingajêng, wontên antawisipun Bawèn, Tuntang tuwin Ambarawa, saèstunipun manggèn wontên Willêm I tilas gêdhong-gêdhong upsir, namung wontên ewah-ewahanipun tuwin dipun dandosi. Kintên-kintên ing têngah-têngahaning taun ngajêng sampun kenging dipun ênggèni. Griya sakit wau maligi dipun ênggèni tumrap tiyang sakit ewah ingkang botên ambêbayani.

Rêmbag ing congres Muhammadiyah. Congres Muhammadiyah ingkang kaping 27 ing Ngayogya, nêtêpakên, benjing congres ing taun ngajêng manggèn ing Malang. Ing kala punika wontên kawan panggenan ingkang gadhah panêdha manggèning congres ing taun ngajêng wontên ing: Medan, Palembang, Bênkulên tuwin Malang. Têtêpipun badhe manggèn ing Malang.

Para tamu congres malêbêt Karaton. Awit saking kamirahandalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, para tamu congres Muhammadiyah sami kaparêngakên malêbêt Karaton, sadaya wontên tiyang 380. Kêmpalipun para ingkang sami malêbêt ing Karaton wontên ing Pagêlaran. Ingkang nindihinindhihi. lampah tuwan M. Azhar, kairid dening bupati 4 tuwin kanthi sanès-sanèsipun. Lampahipun kadamêl sagolongan-sagolongan, sabên sagolongan wontên tiyang 40. Sadaya para tamu sami katog anggènipun ningali salêbêting Karaton. Mênggah tataning pangangge: 1 sêtelan botên ngangge pèci. 2 rasukan Jawi bêskap pêthak duwungan. 3 jas bikak mawi dasi ikêt-ikêtan.

Sanatorium T.B.C. ing Batu. Ing Batu, Maalng,Malang. sampun ambikak Sanatorium T.B.C. ingkang dipun tindakakên dening Dr. Wempe ing Malang. Dr. Jansen saking Bêtawi ugi anjênêngi saha ingkang badhe murwani mêdharsabda. Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral kêparêng jumênêng dados pangayoman, tuwin ugi kêparêng anjumênêngi.

Pakêmpalan-pakêmpalan ingkang botên ngrujuki ondonnantieordonnantie. nikah. Pakêmpalan-pakêmpalan Islam ing Pêkalongan tuwin Têgal mêntas ngawontênakên parêpatan, inggih punika pakêmpalan Muhammadiyah, Yong Islamieten Bond, P.S.I.I., Perserikatan Nahdatul Ulama, Al Irsyad, tuwin Kairiah. Mênggah wosing rêmbag, sadaya sami botên nayogyani dhatêng wontêning ordonnantie nikah, saha lajêng damêl sêrat katur dhatêng Raad Kawula, ingkang suraosipun botên ngrujuki dhatêng rancangan wau.

--- 1342 ---

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan R.M. Soekarto alias Soeriodibroto, asistèn wêdana paresidenan Bêsuki, dados asistèn wêdana paresidenan Malang. M. Mohamad Sachrawi ugi nama M. Sachrawi Setioadiwinoto, asistèn wêdana paresidenan Madura, dados asitènasistèn. wêdana paresidenan Bêsuki. Abdulgani ugi nama Kiai Ganisingoatmodjo, asistèn wêdana paresidenan Malang, dados asistèn wêdana paresidenan Bêsuki.

Wali alit. Pangadilan Landraad ing Ngayogya mêntas mriksa prakawisipun lare alit 3, ingkang sami dados juru apus. Lare ingkang satunggal ngakên putranipun suwargi R.B. Prawiropoerbo, bangsa luhur ingkang misuwur ngalim. Lare wau damêlipun dhatêng ing dhusun-ngadhusun tuwin kampung-kampung pêrlu nêdha barang-barang tuwin têtêdhan, kanthi ngakên dados wali. Kathah tiyang ingkang sami pitados. Karampunganipun lare ingkang satunggal dèrèng umur 7 taun, dipun luwari. Lare ingkang 2 kirang têtêp ing dosanipun, inggih dipun luwari.

Sêpur mirunggan gêgayutanipun kalihan congres ing Bali. Gêgayutan kalihan wontênipun congres ing Bali, sêpur S.S. ngawontênakên lampah mirunggan, ing tanggal kaping 18 wulan punika wontên sêpur ingkang bidhal saking Ngayogya jam 10.30, namung kèndêl ing Surakarta tuwin Madiun. Dumugi ing Surabaya kintên-kintên jam 4. Tanggalipun 24, wontên sêpur kados makatên saking Surabaya dhatêng Ngayogya, bidhalipun jam 9.30.

WarandaWarandha. militèr badhe angsal pitulungan. Miturut wartos, B.I.G.M. pang Purworêjo mêntas ngawontênakên parêpatan, pangarsaning parêpatan suka sumêrêp dhatêng sawarnining randhanipun golongan militèr ingkang dèrèng angsal onderstand, supados tumuntên suka sumêrêp dhatêng panitra B.I.G.M. pang Purworêjo, amargi para warandha wau benjing wulan Siam sami badhe tampi arta urunan kathahipun f 5.- sabên tiyang. Tumrap pitulungan punika H.B. nyadhiyani arta f 7000.-.

Kawitan saha riadinipun ngibadah Siam ingkang sampun katêtêpakên dening Panguludalêm ing Surakarta. Miturut karampunganing parêpatanipun para ngulama ing sadaya pakêmpalan ing Surakarta saha ingkang sampun cocog kalihan rukyah ing Tasikmalaya ingkang sampun katêtêpakên dening H. Bestuur Pakêmpalanipun para pangulu ing satanah Jawi, kawitan saha riadinipun ngibadah Siyam taun Ehe 1868 katêtêpakên kados ngandhap punika.

I. Manawi dintên malêm Kêmis Pon kaping 3/4 November 1937 tanggalipun sapisan Ramlan sampun sagêd katingal, wiwitipun siyam ing dintên Kêmis kaping 4 November wau. Ananging manawi malêm Kêmis tanggal dèrèng katingal, wulan Ruwah lajêng kasampurnakakên (takmil) jangkêp 30 dintên kapetang saking dintên Rêbo, dados wiwitipun siyam dhumawah ing dintên Jumungah Wage kaping 5 November 1937.

II. Riadin (lêbaranipun) manawi sagêd siyam ing dintên Kêmis Pon kaping 4 November, jangkêpipun 30 dintên wontên ing dintên Jumungah Paing kaping 3 December, dados riadin dhumawah ing dintên Sabtu Pon kaping 4 December 1937.

III. Manawi wiwitipun siyam dhumawah ing dintên Jumungah Wage kaping 5 November 1937, ing mangka dintên malêm Sabtu Pon kaping 3 December tanggal sapisan Sawal sampun sagêd katingal, inggih dintên Sabtu Pon kaping 4 December wau riadinipun, dados siyam namung 29 dintên, ananging manawi dintên Sabtu Pon wau tanggal dèrèng sagêd katingal, siyamipun kajangkêpakên tigang dasa dintên kapetang saking dintên Jumungah, dados riadinipun lajêng dhumawah ing dintên Ngahad Wage kaping 5 December 1937. Kajawi punika, tumrap rukyah wau, kajawi Tasikmalaya, ing Pêkalongan, Bogor tuwin Bêtawi ugi sami rukyah (nyumêrêpi tanggal sapisan Sakban).

Paboyongan kangge juru misaya ulam. Kados ingkang sampun kawartosakên, Dr. J.D.F. Hardenberg, pangagênging Laboratorium tumrap nitipriksa lautan ing Bêtawi sampun bidhal dhatêng tanah Papuwa. Mênggah pêrlunipun, nitipriksa ing bab kathah-sakêdhiking ulam ing muwaraning lèpèn Digul tuwin Lorents. Miturut wartos, panitinipun wau pinanggih prayogi, saha lajêng wontên sêdya badhe ngawontênakên paboyongan juru misaya ulam dhatêng tanah ngriku. Manawi bab punika nyata mikantuki, ugi lajêng badhe dipun tindakakên.

EROPA

Italie ngawontênakên pajêg enggal. Minangka sarana kangge nutup waragading pêrang ing Ngabêsi, parentah Italie ngrancang badhe ngawontênakên pajêg enggal. Ingkang langkung kawigatosakên badhe narik pajêg 10% tumrap rêsêrve kapitaal ing sawarnining vennootschap, dene tumrap bank ingkang nindakakên sambutan kalêpatakên ing pajêg punika.

[Grafik]

Ngayomi têtanêman. Inginggil punika gambar têtanêman ing nagari Eropa wontên ing pakêbonan ingkang dipun damêlakên pangauban sarana payon kaca, jalaran ingriku nuju mangsa asrêp.

AFRIKA

Nata Ngabêsi ngucik pamêdal. Pangadilan ing Prancis mêntas mriksa prakawis panêdhanipun tilas Nata Ngabêsi ing bab bêbathèning margi sêpur gêgayutanipun Ngabêsi kalihan Prancis. Miturut panêdhanipun tilas Nata Ngabêsi taksih gadhah hak panduman bêbathèn 30 yuta franc, minangka bêbathèning aandeel 8000. Miturut rêmbaging para wajib, panêdhanipun tilas Nata Ngabêsi wau botên dipun anggêp sah. Nanging bab punika taksih dados rêmbag, karampunganipun ngêntosi sawatawis dintên.

ASIA

Bab badhe wontênipun Olympiade ing taun 1940. Awit saking katranganipun pangarsa International Olympisch Comite, Graaf De Baillet Latour, mratelakakên bilih pasadhian kangge Olympiade tahun 1940 kalajêngakên wontên ing Jêpan. Olympiade Comite Jêpan sampun amangsuli pitakenan, sagêdipun namtokakên ing bab punika, samangsa pasulayan Jêpan tuwin Tiongkok sampun sirêp. Kajawi punika, miturut katrangan saking pangarsa comite, dumugi sapunika dèrèng wontên usul saking sanès-sanès nagari ing bab badhe wontênipun Olympiade ing taun 1940 wau. Nanging pangarsa gadhah kapitadosan bilih Olympiade punika badhe kalajêngakên wontên ing Jêpan.

Kasantosan ing Mêsir. Miturut wartos, kabinèt Mêsir nayogyani dhatêng indhaking rantaman nagari 150.000 pondsterling, ingkang pêrlu kangge ngêdêgakên prajurit dharatan 3 batalyon tuwin tumbas motor mabur 8 iji. Indhaking kasantosan punika sagêd ugi pêrlu kangge angiribi kasantosaning tangga nagari.

--- 1343 ---

Wêwaosan

Pêpisahan ngantos pitung taun, sagêd pinanggih malih (dongèng)

Dening Slamêt

1

Kacariyos, kala jamanipun Kalipah Ngumar dados Amirul Mukminin, inggih ingkang ngasta paprentahanipun para têtiyang mukmin, wontên satunggiling tiyang nama: Tamim, nilar kesah rabinipun, ngantos pitung taun laminipun. Kesahipun Tamim wau botên pisan kasêdya saking kajêngipun piyambak, nanging sajatosipun karodapêksa dening jim, kabêkta mantuk dhatêng ing nagarinipun. Mênggah jêjêring lêlampahan punika, mulabukanipun makatên:

Nuju satunggiling dintên, Kalipah Ngumar lênggah ing majlis ukum (gêdhong pangadilan) kalihan para warga sawatawis. Ing ngriku lajêng wontên tiyang èstri sowan rapak, matur makatên: sowan kula ing ngarsaning pangadilan, prêlu badhe matur nyuwun sêsêrêpan: kula punika katilar kesah semah kula nama: Tamim, laminipun sapriki sampun pitung taun, botên kantênan dhodhok pamanggènipun, amargi piyambakipun wiwit kesah dumugi sapunika, botên nate kintun kabar punapa-punapa, lan botên nate kintun sandhang têdha dhatêng kula, dados pêjah gêsangipun laki kula punika inggih sampun sêpên kabar. Awit saking punika, saupami kula badhe laki malih, punapa pangadilan amarêngakên.

Wangsulanipun Kalipah: Yèn aturmu iku têmên, kêna kowe laki manèh, pangadilan iya bakal angidèni, nanging kowe kudu ngêntèni ganêping ngidah dhisik, padha lan petunging ngidahe wadon kang tininggal mati karo lakine, iya iku nyarantèkake sajroning môngsa patang sasi punjul sapuluh dina, kapetung wiwit saka ing dina iki.

Bok Tamim tampi dhawuh makatên punika, namung matur sandika saha angèstokakên.

Enggaling cariyos, Bok Tamim sarêng sampun jangkêp ngidahipun, inggih lajêng sowan malih dhatêng pangadilan, saha ngaturakên bilih piyambakipun wiwit ing dintên punika, sampun jangkêp ngidahipun. Ing ngriku saking wêlasing panggalihipun Kalipah Ngumar, nguningani lêlampahanipun Bok Tamim anggèning katilar semahipun ngantos samantên dangunipun sêpên kabar wau, mila sasampuning mancas prakawisipun Bok Tamim saprêlunipun, sanalika Kalipah milang-miling mriksani dhatêng para ingkang ngadhêp, saha kawêdal nawèkakên sarwi ngandika makatên: kowe kabèh bae, sapa salah siji kang gêlêm ngêpèk bojo wong wadon iki. Sapa kang saguh nglakoni, prakara maskawine bakal kaparingan saka baitul mal. Ing ngriku wontên satunggiling sakabat nama: Ngabdullah Ansori matur sagah, sarta sanggêm badhe mêngku calon semahipun kanthi sae.

Awit saking bingah lan lêganing panggalihipun Kalipah Ngumar sanalika lajêng utusan mêndhêt arta dhatêng baitul mal, kathahipun satus dirham, badhe kaparingakên dhatêng Ngabdullah Ansori, prêlu kangge bayar maskawin. Sasampuning arta wau katampèkakên, saking kaparêngipun Kalipah, sarèhning mupung para ingkang ngadhêp taksih sami pêpak, Ngabdullah Ansori ingandikakakên nikahan sapunika. Ingkang tampi dhawuh matur sandika, saha punapa ingkang dados kaparêngipun Kalipah, namung badhe andhèrèk. Ringkêsing cariyos, ing nalika punika Ngabdullah Ansori kalampahan nikah dhaup kalihan bok Tamim, maskawinipun warni arta satus dirham, kakêncèng. Sasampuning arta katampèkakên dhatêng Bok Tamim, pangantèn èstri Bok Tamim dipun lilani mantuk rumiyin, pangantèn jalêr Ngabdullah Ansori taksih kantun angrampungakên padamêlan.

Sadumuginipun ing griya, Bok Tamim lajêng tata-tata punapa ngadat tatacaranipun èstri ingkang winêngku ing jalêr lakinipun, amila sarampunging anggènipun tata-tata, Bok Tamim botên kesah-kesah saking griya, namung têngga dhatêngipun ingkang jalêr lakinipun enggal ingkang nêmbe nikahan. Dumugi watawis jam sanga dalu, Ngabdullah Ansori sawêg dhatêng, Bok Tamim gupuh amapagakên, sarta angacarani ingkang jalêr supados lajêng minggah dhatêng ing griya nginggil, amargi limrahing griya tanah Ngarab punika kathah ingkang sungsun. Sasampunipun bage-binage kawilujênganing lampah sapiturutipun, tiyang kêkalih lajêng sami nêdha kêmbul dhaharan ingkang sampun cumawis sawontênipun.

Sarampunging nêdha lan omong-omongan sawatawis, Bok Tamim lajêng mênyat angancingi lawang-lawang, wasana sarêng badhe nutup lawanganing griya ing ngandhap, ing jawi kasumêrêpan wontên jênggêrêngipun tiyang jalêr acêluk-cêluk dhatêng Bok Tamim sarwi uluk salam, Bok Tamim sumaur saha gêntos amangsuli uluk salam ugi, sarta anjêlèh kalihan nyêbut: Dhuh Gusti Allah, kula mugi karêksaa saking panggodhaning setan. Bok Tamim lajêng pitakèn: Ki Sanak, sampeyan punika sintên, dalu-dalu têka dhatêng ngriki, punika mênggah wigatos sampeyan badhe gadhah prêlu punapa.

Wangsulanipun tiyang jalêr sêmu kagèt lan ngungun, wicantênipun: êlo, kowe apa pangling karo aku, êmbokne, pitakonmu kathik nganggo angudubillah barang, têkaku ing kene iki ora arêp aganggu gawe apa-apa. Kowe elinga, êmbokne, aku iki anake pamanmu, dadi kabênêr nak dulurmu dhewe, lan uga wis dadi bojomu, mula aku bêngi-bêngi têka mrene iki, prêlu sêlak kangên, marga wus lawas bangêt anggonku pisah karo kowe.

Wangsulanipun Bok Tamim: O, inggih sampun dados panggalih kemawon ki sanak, criyos sampeyan punika pancèn nyata lêrês, nanging bojo kula kados ingkang sampeyan cariyosakên wau, sapunika sampun kesah saking ngriki, botên kantênan purugipun, [puru...]

--- 1344 ---

[...gipun,] kesahipun dumugi sapriki sampun dangu sangêt, udakawis sampun pitung taunan laminipun, sêpên wartos barang-barang, mila Pak Tamim dumugi samangke, kilap taksih wilujêng, kilap sampun tilar, kula sampun botên mangrêtos.

Ing salêbêtipun Bok TaminTamim (dan di tempat lain). ginêman rame kalihan tiyang jalêr ingkang nêmbe dhatêng wau, Ngabdullah AmsoriAnsori. mirêng, dipun tiling-tilingakên sajak wontên suwaranipun tiyang jalêr sanès, mila piyambakipun lajêng gita-gita mandhap saking lotèng, anyêlaki dhatêng ingkang èstri kalihan pitakèn: wong lanang kang koajak caturan iku sapa, ta, Êmbok Tamim.

Bok Tamim dèrèng ngantos mangsuli pitakènipun Ngabdullah Ansori, tiyang jalêr ingkang wontên ing jawi sampun amangsuli piyambak: mênawi badhe priksa, kula punika: Tamim.

Ngabdullah Ansori nglajêngakên pitakènipun: Sampeyan niku wong pundi, bêngi-bêngi pêtêng andhêdhêt têka ing ngriki banjur malêbu ing ngomah, niku olèh pakone sintên.

Tamim: Têka anèh têmên pitakon sampeyan niku, lah, têka kula ngriki niki, prêlune ênggih ajêng mulih têng griya kula dhewe, lan ênggih ajêng kêtêmu kalih bojo kula niku.

Ngabdullah Ansori: We, hla, nèk karêp sampeyan kaya ngotên, kula mêsthi botên olèh. Bok Tamim niku, saknikine êmpun dadi bojo kula, lagi dhèk wau awan anggon kula nikahan ontên ing ngarsane Kalipah Ngumar, disaksèni para sing padha ngadhêp kabèh.

Tamim: Sumêrêpa sadhèrèk, têmêne wong wedok niku bojo kula, anggon kula nikah ontên ing ngarsane Nabi, sarta ênggih nganggo saksi ganêp.

Bok Tamin anyêlani rêmbag: Sampun ta, saking pamanggih kula makatên kemawon, sarèhning rêmbag prakawis punika, tamtu botên badhe wontên karampunganipun, amargi kêdah mawi papriksan panjang, jalaran rêmbag panjênêngan sakalihan punika namung sami ngugêmi dhatêng lêrêsipun piyambak-piyambak, jêr rêmbag sakalih-kalihipun sami maton saha gadhah pasêksèn kiyat, manawi kalajêng-lajêngakên, sagêd ugi lajêng sami cukêng rêngkêngipun, sisip sêmbir dados anuwuhakên prakawis ingkang botên prayogi, lajêng dados prakawis agêng. Mila rêmbag punika langkung prayogi kèndêl samantên rumiyin, benjing-enjing kemawon tiyang têtiga punika sami sowan ing ngarsaning pangadilan, mangke kadospundi badhe karampunganipun, sami katampi kanthi narimah.

Rêmbagipun Bok Tamim anggèning misah rêgêjêgan para pabên punika, sami dipun condhongi lan dipun ajêngi, mila ingkang padudon lajêng sami kèndêl, bibaran.

Enjingipun Ngabdullah Ansori, Bok Tamim saha Tamim, sami sowan dhatêng ing pangadilan ukum, dumugi ing ngriku Kalipah Ngumar sampun lênggah. Tiyang têtiga sami katimbalan majêng ing ngarsanipun kalipah, lajêng kadangu: Kowe padha seba ing ngarsaning pangadilan, iku arêp duwe atur apa.

Tamim matur: Sowan kula punika, prêlu nyuwun lêlêrêsan, kula botên narimah, denodene. bojo kula punika dipun rabèni kalihan Ngabdullah Ansori, môngka kula taksih gêsang mêgêr-mêgêr, sarta bojo kula punika dèrèng kula pêgat.

Kalipah Ngumar: Apa kowe wis tau wêruh, kapriye mungguhing ukum, saupama ana wong lanang lunga ninggal bojone, lawase nganti pitung taun, tanpa kirim sandhang pangan, lan liya-liyane kuwajiban tumrape wong lanang kang mêngkoni bojo. Apa wadon mau ora wis manthinemasthine. kêna laki manèh, mara, pikirên.

Tamim: Saèstunipun kula inggih dèrèng nate mrangguli. Namung saupami wontên tiyang jalêr nilar rabinipun kados ingkang dipun ngandikakakên panjênênganipun kalipah wau, punika sampun salêrêsipun, upami èstri katilar kesah wau laki malih, ugêr anggènipun nilar wau pancèn kajarag, nêdya ngèwèr adamêl kapiranipun ingkang èstri. Utawi kesahipun punika wau namung salimrah wontên ing dharatan, utawi lêlayaran nyabrang sagantên.

Kalipah: Apa lunganmu iku ora kaya salumrah wong, têgêse ora ngambah ing dharatan, lan ora ngambah sagara. Apa iya mangkono, Tamim. Mara, matura manèh kang têrang, kapriye gênahe anggonmu lêlungan iku, mlaku mênyang ngêndi, lan mêtu ing dalan apa.

Tamim: Kauningana, kesah kula punika, mêdal ing awang-awang, lajêng nylorot mangandhap, têrus amblês ing dhasaring siti, ngantos dumugi ing nagarinipun jim. Atur kula punika têmên. Manawi pangadilan botên pitados, kula kadugi kapatrapan sumpah.

Kalipah Ngumar sawêg nêngah-nêngahi mriksa prakawis dumugi samantên wau, katungka dhatêngipun sakabat Ngali,§ Sakabat, têmbung Arab, têgêsipun: tiyang ingkang mêningi sarta sampun nate srawungan kalihan Rasulullah. Kalipah Ngumar kapêksa kèndêl anggènipun mriksa prakawis, lajêng mênyat amapagakên. Sasampunipun sêsalaman saha bage-binage kawilujêngan, sakabat Ngali dipun acarani lênggah cakêt ing sariranipun Kalipah Ngumar.

Badhe kasambêtan.

Sarèhning wontên pambêngan, wêwaosan ing Kajawèn padatan, dipun sêlani waosan enggal punika.

--- 165 ---

No. 42, Tahun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Soendoro, Purbolinggo. Wiyose aku wis tampa layang pitêpunganmu, ora liya bangêt panrimaku. Kajaba saka iku karangan uga wis kêtampan. Nanging aja pisan dadi atimu ya, karangan mau ora bisa kapacak, jalaran dhèk anu kae rak ya wis ana karangane Sanjoto Gondangdia, nyaritakake bab wong picêk kang dibeda dening bocah loro. Wêkasane bocah nakal mau rak cilaka, ta, gêtihe mancur-mancur, rak ya mèh padha karo karanganmu. Saiki yèn dhangan atimu gaweya karangan liya kang luwih apik, ibumu tansah ngarêp-arêp.

Soemarwoto, Têmanggung. Layangmu isi karangan lêlucon wis daktampa, nanging aja pisan dadi atimu, ora bisa kapacak awit kurang apik. Coba To, gaweya manèh sing luwih anyênêngake.

Moerdjani, Surabaya. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Sukur dene kowe arêp milu ngisèni Taman-Bocah, kapan kowe kirim layang nyang ibumu manèh?

Moerasijah, Surabaya. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake ngirimi layang nyang bu Mar lan uga milu ngramèkake Taman Bocah.

Soenirman, Mungkid, Blabak, Munthilan. Layangmu pitêpungan wis daktampa kanthi sênênging atiku. Dadi kowe entuk silihan Kêjawèn saka T. Wijkmeester, ya sukur, ta. Kapan kowe langganan T.B. dhewe, murah mung f 1,50 ing dalêm sataun.

Zalekah, Probolinggo. Aku wis tampa layangmu karo-karone, sing siji briefkaart, dene sijine tutupan isi karangan lêlucon lan têmbang, ora liya bangêt panrimaku. Ananging sing tutupan anggonku tampa rada kasèp. Dadi satêmêne kowe wis ngirimake layang mau, nanging banjur dibalèkake sabab prangkone kêsêthithikên, ach mêsakake têmên. Nanging saiki kowe rak wis ngêrti ta, kapriye mungguh pangirime document iku, dhèk Sêtu buri wis daktêrangake nang layang kanggo S. Har. Surakarta.

Uncle Sum, Box 405 Singapore. Sawatara dina manèh kêponakanku, Soeharta ing Bêtawi bakal ngirimi layang nyang kowe.

Soedjoko, Warujayèng post Baron. Bangêt panrimaku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang nyang ibumu manèh lan nyaritakake bab kaananmu ing omah sarta bab sêkolahmu. Pêrkara kowe durung nyambutgawe, bokmanawa ya durung, saiki ya sing sabar dhisik, aja lèrèn anggonmu ichtiyar, sabên ana lowongan, bêcik rêkèsa.

Soewardhi, Kandangsapi, Surabaya. Mula ya wis rada lawas kowe ora dolan ing pêrtamanan. Sukur ta yèn kowe mêntas nyrêmpêng anggonmu sinau, sêbab êntas dianakake proefwerk. Ibumu milu muji, kowe bisaa entuk biji apik. Kirimanmu cangkriman wis daktampa kanthi sênênging atiku. Besuk Sêtu ngarêp bakal kapacak.

Soendjaja, Salatiga. Kirimanmu lêlucon wis daktampa kanthi bungah. Kowe nakokake bab karanganmu sing dhisik ing sarèhne tansah kêbak bae mula durung bisa kapacak. Lêlucon sing anyar iki, sabab luwih apik tinimbang sing dhisik, mula ya banjur enggal kapacak.

Soekirno, Kaliwiro, Wonosobo. Potrèt-potrèt lan karangan wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Nanging potrète ora bisa kapacak kabèh, awit sing loro kurang cêtha. Yèn redactie amarêngake, bokmanawa gambare adhimu lan asu ya bisa kapacak.

Sri Marjati, Purwokêrto. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Kapan kowe ngirimi layang nyang Bu Mar manèh?

Soepardjo, Magêlang. Aku durung bisa pêrlop nyang Magêlang, aja tansah kokarêp-arêp.

Soemijati, Kêbumèn. Bangêt panrimaku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca Taman-Bocah.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

bu Mar

--- 166 ---

LÊLUCON

Advocaat + wong adol iwak.

Wong adol iwak: "Nuwun, bêndara tuwan, badhe pitakèn, bilih sêgawon nêdha ulam, punapa ingkang gadhah sêgawon kêdah nglintoni?"

Advocaat: "Mêsthi ngijoli pira sarêgane iwak."

Wong adol iwak: "Ulam kula dipun têdha sêgawon panjênêngan, têlas pêngaos f 1.-."

Advacaat:Advocaat. "O, iya mêsthi takbayar, gilo f 1.-."

Wong adol iwak: "Matur nuwun, bêndara tuwan."

Advocaat: "Kajaba saka iku kowe tampa rêkêningku kudu mbayar pitakonmu f 2,50."

Soendjaja, Salatiga

Guru: "Min, ngaranana kewan kang nggayêmi ana 5 bae."

Simin: "Lêmbu, êmbahipun lêmbu, bapakipun lêmbu, anakipun lêmbu lan putunipun lêmbu."

Soegriwa S.f. Gêsikan, Ngayogya

BADMINTON

[Grafik]

1. Si Kuncung nganti bingung, panamplèke mung tansah langkung.

[Grafik]

2. Kuncunge anjênthir, tandha mêmikir.

[Grafik]

3. Anggêkêng, wadunge tiba gumamplêng.

[Grafik]

4. Ngena-ngene sarwa kêpenak tibane.

--- 167 ---

WANGSULAN PATITIS

Aku duwe wong tuwa jênênge pak Pawira, dhèwèke sabên dina nyambutgawe abot, nanging yèn bêngi kêrêp lunga nglurug main, utawa jêjagongan nganti bêngi bangêt. Dadi yèn ana ing pagawean awak lêmês malah kala-kala sok ngantuk.

Nuju wayah sore sabubare mangan, Pak Pawira lêlungguhan karo sing wadon padha gunêman ngrêmbug bab pagawean lan kabutuhan, aku ngrungokake bae. Pak Pawira calathu: "Êmbokne! Ora tau-tau dhèk mau awan ênggonku nyambutgawe têka rumasa abot lan awak krasa lêmês, iku kênèng apa?" Bok Pawira mangsuli: "O mèmpêr bae, pakne, jalaran sampeyan kuwi kakèhên wungu, mulane yèn sampeyan nggugu omongku, bêcik marènana anggonmu sok wungon nganti bêngi-bêngi, mundhak ora kêpenak ana ing pagawean, lan ana ing awak dadi lêmês, raine pucêt, gagasane ora karu-karuan.

Pak Pawira dituturi mangkono iku mung mèsêm bae karo mênyat ênggone lêlungguhan têrus mêtu. Bok Pawira cêlathu sêru: "Aja kêwêngèn lho, pakne!" pak Pawira wis ora ngrèwès marang têmbunge bok Pawira sing kari iku. Nalika samono Pak Pawira ênggone lunga jagong, olèh mungsuh kang tanggon, mulane mulihe nganti byar, malah wis padhang, wong saomah wis padha tangi kabèh. Bok Pawira barêng wêruh sing lanang têka banjur cêlathu karo nêpsu: "Kêpriye ta pakne! Wong dikandhani aja nganti kêwêngèn, malah ngêbyar!" Pak Pawira mangsulmangsuli. kanthi sabar lan mèsêm: "Ya aja nêpsu bokne, jare aku ora olèh bali bêngi-bêngi, mulane ya taklakoni mulih esuk ngene."

Soekirno, Kaliwira

KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Kêthèk calathu: "Kang bulus, wite gêdhang wis mêtu tuntute, ora lawas mêsthi bakal mangan gêdhang, kowe lan aku iki ya!"

Wangsulane si bulus: "Ha sukur bangêt, dhi!"

Barêng gêdhange wis matêng, ing sawijining sore kêthèk lan bulus mau padha rêmbugan, yèn esuke arêp ngundhuh gêdhang mau. Ing sarèhne sore iku wis pêtêng bangêt, si kêthèk ora mulih nyang panggonane turu, malah turune ana ing luwangan panggonane turu si bulus.

Barêng têngah wêngi si bulus kagèt krungu suwaraning wong gunêman. Dhèwèke nuli nilingake kupinge, banjur krungu si kêthèk lagi clathu dhewe: "Mêngko si bulus kang bodho iku bakal takakali. Yèn karung sing wis daksêdhiyakake iku wis kêbak gêdhang, banjur takgawa mlayu, gêdhange dakpangan dhewe, si bulus masa bisa nututi aku, awit lakune anggarêmêt mêngkono."

Barêng si bulus krungu calathune si kêthèk mangkono mu,mau. nuli ambatin mangkene:

E dadi mêngkono akalmu, kêthèk, he mêngko bakal dakwalês! Sadhela manèh si bulus calathu lirih karo mèsêm: "Saiki aku wis nêmu akal, rasakna mêngko, kêthèk kang èlèk atimu!"

Sawise mangkono nuli mlêbu ing karung, kang bakal diisèni gêdhang, banjur karung dicokot, nganti bolong ngisor sêparo. Barêng wis rampung, si bulus mêtu saka karung, lan mapan turu, ethok-ethok bodho ora ngêrti apa-apa.

Barêng esuke si kêthèk wis tangi nuli undang-undang si bulus: "Kakang bulus, enggal tangia, ayo padha ngundhuh gêdhang."

Calathune si bulus karo angob, lan etok-etok kêsèd: "Ya ayo dhi, aku miturut apa kang dadi karêpmu!"

Si kêthèk banjur anjupuk karunge, lan banjur lumaku barêngan karo si bulus têkan ing panggonan wit gêdhang, si bulus calathu: "Dhi, dhi, meneka kowe, aku tak nunggoni ing ngisor bae."

Wangsulane si kêthèk sakêpenake, ing sajroning ati ngira si bulus iku bangêt ing bodhone, unine: "Iya bêcik, kakang."

Kêthèk banjur mènèk ing wit gêdhang, mothèli gêdhang, nuli dilêbokake siji-siji ing jêro karung nanging gêdhange têrus mrojol saka bolongan, têrus tiba lan dijupuk dening si bulus, nuli dipangan. Nanging prakara iku si kêthèk ora wêruh, awit lagi ribut mothèli gêdhang.

Dumadakan kêthèk krungu suwarane si bulus saka ngisor, calathune: Dhi, dhi, ambok iya aku diuncali siji, sêlak kêpengin."

Wangsulane si kêthèk: "Ngêntènana saudhunku anggawa gêdhange kabèh sakarunge pisan."

Barêng gêdhang sêtundhun wis êntèk dipothèli, si kêthèk nuli mudhun karo anggawa karung kang dikira isi gêdhang, banjur digawa mlayu.

Si bulus calathu: "Dhi kêthèk, ambok ya aku diwènèhi, aja kaya ngono kuwi!"

Barêng kêthèk krungu calathune si bulus, dhèwèke nuli lèrèn karo ngguyu: "Coba anjupuka ing kene yèn kowe bisa!"

Kêthèk nuli mlayu manèh. Barêng kira-kira wis adoh saka panggonane si bulus, kêthèk banjur lèrèn, arêp ngêtokake isining karung mau.

Si bulus calathu manèh saka kadohan: "Aku njaluk siji bae, kêpengin wêruh rasane, dhi kêthèk!"

Ana candhake

--- [168] ---

SI JÊMBLUK

(Candhake)

Wêkasane, sawise Sang Ratu mênggalih suwe, dhawuh angandika mangkene: "Rungokna ya nggèr, saiki wis takdiring Pangeran, kowe kudu dadi bojone si Jêmbluk. Gêlêm ora gêlêm kudu koklakoni, awit kowe wis nglakoni luput."

Sang Putri matur: "Manawi makatên ingkang dados kêrsanipun kangjêng rama saha ibu, kawula inggih ndhèrèk."

Sang Ratu banjur dhawuh marang salah sawijining abdi dalêm kêdhaton, supaya nimbali si Jêmbluk, kang isih lungguh ana cêdhaking gapura.

Ora antara suwe abdi dalêm têka kanthi anggawa si Jêmbluk.

Sang Ratu andangu: "Kowe asli saka ngêndi lan sapa wong tuwamu?"

Si Jêmbluk banjur matur, manawa dhèwèke iku anake gamêle Sang Patih lan kala-kala uga adol sukêt mênyang pasar sarta uga matur manawa bapakne iku bangêt mlarate.

Sang Ratu nuli dhawuh nimbali patihe, banjur didangu, nyata utawa orane apa kang dikandhakake dening Si Jêmbluk.

Kyai patih uga ambênêrake ature Si Jêmbluk.

Sang Ratu ngandika: "Patih, dadia kawruhanamu, ya, putraku Nyai Mayang Sari kudu dhaup karo bocah kuwi. Nanging rak ya ora mèmpêr, ta, awit dudu sapadhane. La wong putraning ratu rak ya ora mêsthine dhaup karo anaking pangarit, kok asor têmên. Lan manèh aku ora duwe anak lanang, kang bakal anggêntèni aku jumênêng ratu, ing mangka aku iki wis tuwa, dadi mêsthine ya mantuku kang wajib anggêntèni. Nanging upama si Jêmbluk rak ya ora bisa anggêntèni."

Patih matur: "Lho kados pundi sababipun Gusti, kêrsa dalêm, dene sang putri badhe kadhaupakên kalihan tiyang punika, ing mangka panjênênganipun sang putri rak sampun kalamar dening putraning Ratu pintên-pintên."

Sang Ratu nuli ngandikakake kabèh kang wus kêlakon, lan saiki patih uga mrayogakake kêrsane Sang Ratu.

Sang Ratu banjur ngandika manèh mangkene: "Rungokna patih, saiki sing dadi panêmuku mangkene: "Si Jêmbluk pèkên anak, lan jênênge kudu kok lih, yaiku paringana jênêng Ganda Rasa, sarta sabanjure aku pasrah marang kowe, mangsa bodoa kowe, bocahe sinaunên sing apik, supaya besuk bisa ngêrèh praja. Aku mung manut apa sing dadi karêpmu."

Patih matur sandika, nuli nyuwun pamit mulih, dene si Jêmbluk kadhawuhan ndhèrèk nyang kêpatihan. Satêkane ing omah, patih ngandikakake kabèh dhawuhe Sang Ratu marang garwane. Garwane bangêt bungahe, awit ora kagungan putra. Si Jêmbluk karumat bêcik, diparingi pangan cukup, sabên dina didusi, dikosoki nganti rêsik. Ora suwe awak lan rupane malih, beda bangêt karo biyèn, saiki prasasat wis dadi wong seje, salin jênêng, sarta wonge wis ora mèmpêr si Jêmbluk. Rupane mêncorong kaya srêngenge, wêtênge wis kêmpès, awake dadi cancing, dene pakulitane dadi kuning nêmu giring.

Sawise rong taun Ganda wis mangêrti akèh, bab pangrèhing praja.

Sang Ratu banjur dhawuh marang para kawulane kabèh supaya tata-tata karamean kanggo ngurmati dhaupe Nyai Mayang Sari karo putrane angkat patih, yaiku Radèn Ganda Rasa.

Karamean mau nganti pitung dina lawase, kaya adate, dhauping putri karo putraning Ratu.

Barêng Sang Ratu priksa Ganda Rasa, bangêt andadèkake gumuning panggalihe, têka seje têmên rupane, ora kaya nalikane sowan sapisanan. Sang putri Mayang Sari uga bingah, kagungan garwa canthas. Sajroning rong taun panjênêngane tansah sungkawa, amarga manggalih bakal dhaup karo wong desa, karo manèh èlèk bangêt rupane.

Barêng karamean wis bubar, Sang Ratu banjur sèlèh anggone jumênêng Nata, dene Ganda Rasa kadhawuhan anggêntèni. Lêt sawatara dina ing kêdhaton dianakake rame-rame manèh ngurmati Ganda Rasa jumênêng ratu, kabèh kawulane katimbalan. Pangarit karo bojone uga katimbalan kadhawuhan manggon ing kêdhaton lan sabanjure padha urip muktiwibawa ora kurang siji apa.

Sanajan kabèh padha ngêrti manawa Sang Ratu Ganda Rasa mau mung anaking tukang arit bae, nanging mêksa para kawulane kabèh padha wêdi, ering lan trêsna, awit saka adhile anggone ngêrèh praja.

Cuthêl

PANGELING-ELING

[Notasi]

I. Anakku rungokna ya nggèr,

Sarèhning êndang diwasa,

Sêdyamu arêp ngawula,

Pisahan karo wong tuwa.

II. Rungokna kandhaku iki,

Dhèk cilik dakkudang-kudang,

Pêngarêp-arêpku iki,

Têmbe kênaa dak sawang.

III. Ja lali Ibumu ya nggèr,

Dadia wong kang utama,

Santosa suci nastiti,

Lan trêsna sapadha-padha.

IV. Kêrsane ramamu ya nggèr,

Sira kang watak satriya,

Bisaa tumindak nyata,

Dadia têpa tuladha.

Zalekah, Probolinggo.

--- [1345] ---

Ôngka 86, Rê, Kli, 22 Ruwah, Ehe 1868, 27 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana - Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang wawrat - Kawontênan ing Tiongkok - Kasangsaran motor mabur T.1 - Bab nama-namaning akik - Sêratipun Petruk dhatêng Garèng - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Rawuh Martuwi Pangantèn

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu êmas, tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, rawuh martuwi pangantèn ing Widaningratan, mriksanana karangan kaca 1346.

--- 1346 ---

Pangantèn Putranipun Prayagung Luhur

Miturut tatacaranipun bôngsa Jawi, tiyang gadhah damêl mantu punika, pundi ingkang nama agêng-agêngan tuwin nêtêpi Kajawènipun, ubarampenipun, punapadene cak-cakanipun, sami kemawon, têgêsipun bakuning prêlu pinanggih wonkênwontên. pangantèn, mila tumrap dandosaning pangantèn botên wontên ingkang dipun bedakakên, awit pangantèn punika dipun wênangakên mangangge kados sacara ingkang limrahipun dados agêm-agêmaning para luhur, upaminipun dodotan ngumbarkngumbar. kunca, punika ingkang wênang ngagêm namung pangeran minggah, ewasamantên pangantèn limrah inggih kenging.

Nanging pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, tatacara makatên wau sampun botên patos kêlimrah, kajawi para luhur tuwin para kacêkapan.

Manawi ngèngêti caraning tiyang gadhah damêl ingkang saèstu, punika ubarampenipun kathah sangêt, ingkang lèrègipun manjing dhatêng tatacara, upaminipun: kêdah damêl pêndhêman, bucalan, caos dhahar, isarat, sajèn warni-warni tuwin taksih kathah panunggilanipun. Sarèhning tindak kados makatên punika rèbyèg sangêt, tuwin tumindakipun jangkêp tumrap tiyang ingkang gadhah damêl agêng-agêngan, mila limrahipun namung dipun tindakakên ing para ingkang kêdugi.

Ing Kajawèn ngriki prêlu badhe ngêwrat katrangan sawatawis ing bab anggènipun Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat kagungan damêl mantu ngramakakên putranipun nama Radèn Ajêng Sumadirin, dhaup kalihan Radèn Mas Ngabèi Sasradipraja, putranipun Radèn Mas Arya Sasradipura.

Bab lampah-lampahipun namung kapêndhêt sawatawis, supados dipun uningani ing para maos. Dene ingkang lôngka wontênipun, punika ing bab rawuh dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Wicaksana martuwi pangantèn.

Ijabing pangantèn, punika pangantèn jalêr dodotan dodot sêratan, têngah pêthak, nama bango buthak, ngumbar kunca, kuluk mathak pêthak.§ Bokmanawi ingkang dipun wastani kuluk mathak punika kathah ingkang dèrèng uninga. Kuluk mathak punika badhenipun montên, dipun kuwuk (dipun gêrus mawi kuwuk) ngantos gilap têrus kados kaca (manawi jaman sapunika ingkang mèmpêr: mikah). Clana pêthak, tinêpi renda pêthak, ngliga tanpa rasukan, dipun borèhi, botên kenging mangangge ingkang sarwa êmas, sumping sêkar mlathi sapêlik wontên sanginggil kuping. Tataning ijab limrah.

Panggihipun pangantèn mangangge: dodot gadhung mlathi (pinggir ijêm têngah pêthak) ngumbar kunca, clana cindhe gubêg (tanpa renda), kuluk mathak biru (kados agêming pangeran), mawi gombyok dhuwung tuwin buntal, tanpa rasukan. Ing sabibar panggih, bêbêdan mawi rasukan, kulukan kanigara. Sinjang tuwin rasukan, sami kalihan pangantèn èstri. Pancèn tumraping para kasêmbadan, pangangge pangantèn jalêr èstri punika sarwa sami.

Dhawahing dintên sapêkêning pangantèn, Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana, sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, rawuh martuwi pangantèn dhatêng Widaningratan.

--- 1347 ---

Mênggah kawontênanipun ing Widaningratan kala punika, rinêngga sarwa prasaja, nanging dèrèng ewah tabêting mêntas mantu. Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Wicaksana, pinarak ing kursi sangajêng patanèn, Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun pinarak ing ngandhap. Ing ngriku ginêlaran babut sinêbaran ing sêkar ambalasah. Mriksanana gambar ngajêng piyambak.

[Grafik]

Ijabing pangantèn, pangantèn wontên sisih têngên, ing têngah wali (Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat), ingkang makuthan sigar sêmôngka, canelan, Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom, pangulu dalêm, (pangulu dalêm punika pangkatipun sami kalihan bupati agêng). Sanèsipun para kêtib tuwin tamu.

Pangantèn jalêr èstri marak ing ngarsa dalêm badhe ngabêkti, pangantèn jalêr majêng rumiyin, sèlèh dhuwung.§ Ing bab sèlèh dhuwung, punika kalêbêt ing tatakrama, sintêna ingkang ngabêkti dhatêng para luhur, saya malih dhatêng panjênêngan nata, kêdah sèlèh dhuwung rumiyin. Patraping pangabêkti sumungkêm ing sangandhaping pada dalêm (talapakan) tangan kêkalih mêngkurêp sumèlèh ing babut, botên kenging anggêpok pada dalêm, lajêng pangantèn èstri gêntos ngabêkti, patrapipun sami, namung beda tangan kalih nyôngga pada dalêm.

Tatacara makatên punika ngatingalakên sangêt luguning tata kasusilan Jawi. Kados ta caraning panjênêngan dalêm nata martuwi pangantèn, caraning pangantèn ngabêkti, tuwin sanès-sanèsipun.

Botên langkung redhaksi Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi pangantèn sakalihan lulus saha tut-runtut botên kirang satunggal punapa. Amin.

--- 1348 ---

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang èstri ingkang wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Sanajan baksil wau kêras, yèn badan ingkang katrajang punika kiyat, sêsakitipun inggih botên sapintêna, namung yèn tiyang ingkang katrajang kirang kiyat, dados awrat. Mila awrat ènthèngipun sêsakit infectie punika ugi gumantung saking kiyat ringkihing badanipun ingkang katrajang baksil wau.

Ing sarèhning tiyang èstri ingkang mêntas anglairakên bayi punika pranakanipun sami tatu ing nglêbêt, samôngsa tatu-tatu wau katularan utawi kalêbêktankalêbêtan. baksil inggih sagêd dados infectie, manawi kalêrês baksil, streptococcen ingkang kêras, inggih ambêbayani, sagêd aniwasi (mirsanana bab sêsakit kraamvrouwenkoorts).

Pramila tiyang (dhukun utawi Vroedvrouw) nulungi ingkang nglairakên bayi punika kêdah mangangge sinjang rasukan ingkang rêsik, lêngênipun rasukan dipun wingkis dumugi sanginggilipun sikut, sadèrèngipun rêrêsik tanganipun, kuku ingkang panjang dipun kêthoki dipun rêsiki, tangan dumugi sikut dipun sikat mawi sabun lan toya bêntèr kintên-kintên 10 mênut dumugi ¼ jam dangunipun, ngantos rêsik saèstu, lajêng tangan lan driji dumugi sikut dipun usapi spiritus utawi alkohol ingkang tapis.

Makatên ugi sajawining pawèstrèn lan pupu kiwa têngênipun pawèstrèn ingkang badhe nglairakên bayi kêdah dipun rêsiki mawi sabun lan toya bêntèr kados ingkang kasêbut ing nginggil.

Sadèrèngipun bayi lair kêdah sampun sadhiya 1% oplossing lysol (lysol 2 sendhok tèh, toya matêng 1 gêndul sêtrup ingkang agêng) dipun wadhahi ing waschkom ingkang rêsik, prêlunipun lysol opl. wau, samôngsa bayi sampun lair tanganipun dhoktêr utawi Vroedvrouw ingkang gupak êrah utawi sanèsipun lajêng kenging dipun kobokakên ing liysol opl. wau. Sadèrèngipun rampung anggènipun nulungi bayi lan biyungipun, tanganipun dhoktêr botên kenging nyêpêng utawi gêpokan kalihan barang sanès, kajawi gunting utawi prabot (instrument) sanèsipun ingkang sampun cumawis ing ngriku lan sampun dipun godhog utawi dipun kukus dang (sêtum).

Manawi kasêsa têtulung dadakan bayi sampun badhe lair, cêkap sadaya ingkang gêpokan bayi lan biyungipun (pawèstrèn) kemawon dipun usap-usapi spiritus utawi alkohol ingkang tapis.

Sawênèh tiyang ing dhusun wontên ingkang wicantên: tiyang kampung utawi dhusun ingkang manak dipun tulungi dhukun, botên mawi rêrêsik tanganipun, panganggenipun ingkang dipun angge padintênan kemawon, wilujêng botên sakit botên punapa. Bayi dipun dusi, pusêripun dipun popok kunir apu, lajêng dipun gêdhong, botên nangis, tilêmipun sakeca. Biyungipun kesah dhatêng sumur utawi lèpèn [lè...]

--- 1349 ---

[...pèn] umbah-umbah sinjang utawi gêlaran ingkang rêgêd gupak êrah utawi sanèsipun, sarampungipun adus santun sinjang ingkang sampun kabêkta dhatêng sumur utawi lèpèn wau lajêng wangsul ing griya, bêngkungan mususi uwos. Manawi dèrèng tandho uwos môngka gadhah pantun lajêng dipun êpe rumiyin, yèn sampun garing dipun gêntang, dados uwos dipun pususi sawatawis lajêng dipun liwêt.

Dados tiyang èstri ing dhusun ingkang mêntas anglairakên bayi wau, botên kèndêl, tansah têrus nyambut damêl, ewadene botên ewah kasarasanipun.

Tiyang ingkang wicantên makatên punika, tiyang ingkang dèrèng mangrêtos utawi ingkang botên gadhah pikiran panjang, awit tiyang wau botên nate sêsrawungan kalihan tiyang ingkang mangrêtos utawi pancèn botên andungkap pikiranipun kados ingkang kasêbut ing nginggil punika. Kajawi punika tiyang dhusun botên nate canthuk lawung utawi sêsrawungan kalihan dhoktêr utawi Vroedvrouw, dados botên mangrêtos padamêlanipun dhoktêr utawi Vroedvrouw wau.

Upami lare umur sataun kalih taun dolanan lading utawi gunting ingkang landhêp, punapa tiyang sêpuhipun inggih kèndêl kemawon, nama bêgja saupami botên kêcocog utawi kiris tanganipun, balik yèn lare lajêng kêtaton gobrah-gobrah êrahipun, punapa tiyang sêpuhipun botên gêtun.

R. Sumadirja.

Ind. Arts. Sêmarang.

[Iklan]

Bab buku

Dhoktêr Wahidin Sudira Husada

Pustaka Nasional ngêdalakên sêrat nama: Dhoktêr Wahidin, nyariyosakên lêlampahanipun Dhoktêr Wahidin wiwit alit ngantos dumugi sêpuh, dados inggih ngandharakên lêlabêtanipun dhatêng kamajênganing bôngsa tuwin nusa, punapadene lampahipun anggènipun nindakakên lêlabêtan wau.

Namung eman sangêt dene cariyos wau namung dhapur cathêtan. Saupami kaandharakên kadosdene dongèng, sampun têmtu angindhakakên sêngsêmipun tiyang kathah. Ewadene tumrap bôngsa, sêrat ingkang kawêdalakên dening Pustaka Nasional wau botên sakêdhik paedahipun. Sapisan minôngka pamêtrinipun tiyang samangke dhatêng panjênênganipun Dhoktêr Sudira Husada. Kaping kalihipun ngiras pantês kangge anyumêrêpakên dhatêng ingkang dèrèng sumêrêp, puruna ngluhurakên asmanipun. Sukur bage purun tiru.

Wujudipun zak formaat, kandêlipun 15 kaca, aksara Latin, rêgi 15 sèn.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- 1350 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Dumuginipun sapunika paprangan ing Tiongkok dèrèng wontên mêndhanipun, tandangipun prajurit taksih sarwa kadugi tuwin tansah angsal bêbantu enggal, ingkang anjalari pulihing karosan, botên beda kados tandanging wadya tigasan.

Manawi nitik ramening paprangan, papanipun campuh pinanggih ing pundi-pundi, dene mênggah cêthanipun, bakuning papan paprangan, inggih punika pabarisanipun tumrap Tiongkok pinanggih wontên gangsal panggenan, wontên ing Suiyuwan, Sansi Lèr, margi sêpur Pèiping dhatêng Han Ko, sakubênging margi sêpur Tinsin dhatêng Puko tuwin ing Syanghai.

Tataning baris gangsal panggenan wau sami botên nguciwani, kuwawi nanggulangi panêmpuhing satru sêkti inggih punika Jêpan. Malah nitik pinanggihipun ing paprangan, Jêpan rumaos kuwalahên nêmpuh pabarisan Tiongkok wau, mila Jêpan inggih botên ngindhaki pabarisanipun, kajawi namung ing Kanton, Amoi tuwin ing Santung.

Tumrap Jêpan, dhatênging bêbantu inggih tanpa kêndhat, saha pundi ingkang langkung nyamari, saya dipun kathahi bêbantunipun. Dene ingkang katingal langkung dipun wigatosakên, punika tumrap pabarisan ing Syanghai tuwin pabarisan sisih lèr, nanging mêksa katingal dèrèng nyêkapi. Ingkang makatên punika tumrapipun Jêpan pinanggih wigatos sangêt, awit, nyatanipun Jêpan sampun kêkirangan anggèning ngagêngakên pabarisan, tuwin têbanipun inggih sampun jêmbar sangêt, tur sami kiyat-kiyat, nanging sarêng nyatanipun kados makatên, kêkiyatanipun Jêpan kêpêksa kêdah dipun wêwahi.

Tumraping wawasan ing satunggal-satunggaling pabarisan Tiongkok, punika sami mêngku kawigatosan piyambak-piyambak. Tumrap pabarisan Tiongkok ing Suiyuwan, punika botên patos dipun samarakên, amargi saupami Jêpan saya ngangsêg dhatêng Monggoliah jawi, pabarisanipun badhe ringkih, amargi tamtu dipun tanggulangi dening wadya Ruslan, ingkang tansah nyamarakên dhatêng trajangipun Jêpan.

Ing bab pabarisan Tiongkok ing Sansi Lèr, tumrapipun Jêpan rumaos sarwa makèwêdakên, awit punapa tandangipun tansah dhawah kêkêpang, mila wadya Jêpan ing ngriku tansah angewahi gêlar. Ing ngajêng tindakipun Jêpan namung nêmpuh, nanging ing sapunika ulah mundur.

Tumrap pabarisan ing Pèiping Han Ko, ajênging wadya Tiongkok ngantos 500 km. saking Pèiping. Ing ngriku Jêpan rumaos bilih ajêngipun wau nuwuhakên bêbaya, ewa samantên Jêpan malah saya ngangsêg.

Ing pabarisan Tinsin - Puko, pinanggih mapan, panêmpuhipun Jêpan ing ngriku sagêd angsal tandhing yêktos, malah Jêpan kêpêksa ngunduri, nyandèkakênyandèkakên. anggèning badhe ngrêbat kitha Cinan.

Dene pabarisan ing Syanghai, pancèn kapetang [kape...]

--- 1351 ---

[...tang] ingkang santosa piyambak, mila tandangipun Jêpan wontên ing ngriku kêpêksa sarwa ngrosani, dhatênging bêbantu tanpa kêndhat, ewa samantên mêksa blang-blêng botên sagêd angrampungi damêl.

Nanging sawarnining pakèwêd ingkang pinanggih ing Jêpan, botên pisan-pisan adamêl kêndhoning panêmpuhipun, Nanking tansah dipun angkah sagêdipun kêcêpêng. Jêpan lajêng nêmpuh ing ngriku saking gêgana ngantos pintên-pintên rambahan, dangunipun 24 jam. Nalika nêmpuh ing wanci dalu, adamêl kêthèthèranipun wadya Tiongkok, sêdyanipun Jêpan namung badhe ngrisak panggenan-panggenan ingkang kamanah wigatos. Wontên bom cacah wolu andhawahi griya-griyaning kuli sêpur, griya-griya ingkang risak kirang langkung wontên satus, tiyang ingkang tiwas wolu, kêtaton tigang dasa. Papan ing ngriku lajêng kêbêsmi agêng-agêngan. Sêsambêtaning tilpun saking Nanking dhatêng Puko pêdhot.

Pêpuyênganipun têtiyang salêbêting kitha botên kantênan, papan anggêgana sajawining sakèthèng kitha kidul wetan dipun jawahi bom, ugi nuwuhakên kêbêsmèn agêng.

Ing ngriku kapal pêrang Tiongkok ingkang labuh ing sungapan Yangce lajêng nyorotakên dilah dhatêng gêgana, kangge madosi motor mabur Jêpan ingkang nêmpuh ing ngriku. Wusana motor mabur Jêpan lajêng ngoncati.

Botên dangu wontên motor mabur Jêpan malih cacah sakawan, inggih lajêng andhawahi bom ing papan anggêgana wau. Panêmpuhipun motor mabur wau kêkalangan pindhah-pindhah ênggèn. Ing ngriku wontên motor mabur Tiongkok nusul anggêgana ngulat-ulatakên lampahing mêngsah, nanging lajêng wangsul. Nalika sawêg têntrêm sawatawis, wontên motor mabur Jêpan malih cacah pitu ngênêr dhatêng Nanking, nanging sasampunipun andhawahi bom sawatawis, lajêng oncat. Salajêngipun tanpa kêndhat kêdhatêngan mêngsah saking gêgana.

[Iklan]

Ing wêkdal punika tandangipun Jêpan namung sarwa ngrosani saking nginggil.

Pawartos saking Admistrasiadministrasi.

K. 2966 ing Kêbumèn.

24-3-1925, dhawah: Sla, Kli, 28 Ruwah, Dal 1855, 28 Saban 1343, Julungwangi, Kasanga. 29-9-1928 dhawah Stu, Kli, 13 Rabingulakir Alip 1859, 13 Rabingulakir 1347, Kuningan, Kapal. 24-11-1730 dhawah Sn, Lê, 2 Rêjêb Jimawal 1861, 3 Rêjêb 1849 Tolu, Kanêm. 7-9-1933 mawahdhawah. Kê, Wa, 16 Jumadilawal Be 1864, 17 Jumadilawal 1352, Watugunung, Kalima. 17-11-1935 dhawah A, Kli, 20 Ruwah, Jimakir 1866, 20 Saban 1354 Bala, Kanêm.

--- [1352] ---

Kasangsaran Motor Mabur T. 1

[Grafik]

Tuwan E. van Haften, ingkang dèrèng pinanggih mayitipun.

Kados anyarêngi kalamangsanipun, ing salêbêtipun sawatawis dintên punika wontên kasangsaran motor mabur ngantos urut-urutan. Ing sakawit wontên wartos kasangsaran motor mabur Specht ing Palembang, lajêng kasangsaran motor mabur T. 13 ing sacêlakipun Tuban, wusana kasangsaran motor mabur T. 1 ing Bandhah.

[Grafik]

Motor mabur T. 7 punika damêlan pabrik Fokker, inggih punika ingkang sami wujudipun kalihan motor mabur T. 1.

Motor mabur T. 1 punika motor mabur wadya lautan pirantos andhawahakên êbom. Ing wêkdal punika nuju tumut pêrang-pêrangan.

Nalika motor mabur wau kasangsaran, lajêng dipun tulungi kapal Zuiderkruis. Sadaya tiyang ingkang kasangsaran, kajawi luitenant-ter-zee klas I E. van Haften sami sagêd kêtulungan, dene motoripun mabur kêlêm.

Mayit lajêng kabêkta dhatêng kapal Sumatra, salajêngipun sami kakubur ing Bandhah. Ing wanci dalu.

[Grafik]

Gambar pêpêthan pulo Bandhah, inggih punika panggenan dununging kasangsaran motor mabur T. 1.

Sarampunging pangubur, para punggawaning kapal pêrang ingkang sami nênggani lajêng wangsul dhatêng kapal, salajêngipun jam 2 dalu kapal pêrang Sumatra tuwin De Ruyter bidhal dhatêng Surabaya nglajêngakên padamêlanipun.

Dhepartêmèn marinê tampi telêgram saking Sri Bagendha Maharajaputri, ministêr jajahan, tuwin defensie, kangjêng tuwan ingkang wicaksana tuwin pangagênging wadya dharatan, sami mahyakakên belasungkawa.

--- 1353 ---

Kawruh Sawatawis

Bab nama-namaning akik, tuwin dêdongènganipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85

Nama-namaning sela akik, miturut ujaripun ingkang damêl. Kados ta: ingkang warni:

abrit, kawastanan mirah.

abrit ênèm, kawastanan wora-wari.

abrit sêpuh, kawastanan rah mêgêng.

pêthak ingkang bêning, kawastanan maya rêtna.

pêthak ingkang nglêri, kawastanan gana ngêlèng.

pêthaking nigan wigar, kawastanan widuri.

pêthak sulak biru mawa cahya, kawastanan widuri bulan.

biru, kawastanan nilakôntha.

biru ênèm, kawastanan tunjung seta.

biru sêpuh, kawastanan gagak setra.

ijêm, kawastanan pandhanarum.

ijêm ênèm, kawastanan rêtna kinasih.

ijêm sêpuh, kawastanan sêmbung langu.

ijêm ênèm mawa cahya, kawastanan jumêrut.

jêne, kawastanan jawah êmas.

wungu, kawastanan cubung.

wungu ênèm, kawastanan cubung asihan.

wungu sêpuh, kawastanan jêbug siwalan.

wungu ênèm mawa cahya, kawastanan manilêm.

dadu, kawastanan tapas aking.

kapurônta, kawastanan jarot kengis.

Kajawi punika taksih kathah ingkang dèrèng kacariyosakên, jalaran sabên corak tuwin warninipun beda sakêdhik kemawon, ingkang limrah lajêng beda namanipun, makatên wau manawi katêrangakên, têmtu ngandhar-andhar sangêt. Malah wontên ingkang nunggil corak tuwin warninipun sami, trêkadhang anggèning mastani namanipun asring beda-beda. Mila manawi kamanah, anggèning namakakên wau, ing sêmu namung rêbatan pamatra kilasaning warni. Têgêsipun: kathah kemawon ingkang lajêng kaeyupakên, nama-namaning barang tuwin wêwarnèn, saha wujuding kawontênan ingkang èdi, miturut sakêparêngipun. Kados ta: Kawastanan sumpêt, bonglot, manik ringin, badar, taji laut, manik arga, guntur, sumbêr agung lan sanès-sanèsipun.

Mênggah dêdongènganipun tiyang sêpuh, akik punika ugi wontên ingkang anggadhahi daya tuwin kasiyat. Nanging akik ingkang kawartosakên mawa daya wau, kacariyos sanès bangsaning sela, ingkang limrahipun kagarap ing tiyang, saha ingkang sami kadhasarakên wontên ing saênggèn-ênggèn makatên punika. Nanging asli saking kodrating alam, punapadene ingkang limrah têmtu dinama-dama.

Badhe kasambêtan.

Pak Wira, Kêbumèn.

--- 1354 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Wiyose, Kang Garèng, aku awèh wêruh, yèn saiki aku ana ing Magêlang, sarta yèn ora ana alangan sawiji apa, mêngko aku ninggal Magêlang manèh arêp ambanjurake lakuku. Wah, Kang Garèng, sanadyan lungaku iki ora pati suwe, nanging bathiku kêna dakarani sasayahiranèki. Kajaba aku olèh wawasan anyar, sarta sêthithik-sêthithik iya wuwuh sêsurupanaku, nganti saikine mèh pêdhot ... sanguku, nanging aku uga ngalami kaanan-kaanan warna-warna lan rupa-rupa, yèn saupama tak caritakake nyang kowe, wah, kiraku kowe nganti blokèrên, iya durung cuthêl-cuthêl. Nanging saikine aku tak ambanjurake dhisik caritaku kaanane pahargyan ing kabupatèn ing Kêbumèn.

Kang Garèng, ing kene aku ora nêdya ngalêm utawa nacad, mung arêp nyaritakake apa anane, lan mungguhing panêmuku dhewe bae. Mulane panuwunku marang kang rumaos kataman, yèn aku nguncali pangalêmbana, aja pisan ana sing mongkog panggalihe, kosokbaline yèn aku nyambit panacad, muga-muga aja nganti ana sing kagungan panggalih bêgita-bêgitu. Awit aku iki mung jênêng titah blaka, dadi pangalêmbanaku iki bisa uga salah wèsêl, lan panacadku bisa uga tuna dungkap. Murih cêthane anggonku gawe wawasan, tak gawene sing urut, lan tak wiwitane ing bab gamêlan sakumplite.

[Grafik]

Nalikane aku lumêbu iing. kabupatèn, gumbiraning atiku kayadene aku dhewe sing dadi pangantèn, ora liya kang kapisan jalaran saka asrine ing sajêrone pêndhapa kabupatèn, kang pinajang-pajang nganggo kêkêmbangan kêrtas, nganti saupama kala samono kalair têmbungku, bokmanawa aku kalakon muni mangkene: Jan ngèngsrèng, jan ambêraling, jan sêmangêr, lan sapiturute. Kang kapindho, jalaran saka unining gamêlan, kang mêndut-mêndut, kêpinuk, lan anênarik ati, nganti mèh bae aku lali arêp andhaplangake tanganku, lan anjêbèbèhake sikilku. Luwih kapranan manèh atiku, barêng aku sumurup, yèn wiyagane [wiyaga...]

--- 1355 ---

[...ne] kuwi kabèh padha bocah gundhul bocah gundhul, tur panabuhe kuwi mau ora mung sakarêp-karêp: klênang, klêning, blanggêdhun tak, gêjêglong, ngono kae, nanging nganggo pathokan, Kang Garèng, nganggo nut barang. Ing kono aku ora bisa kôndha kêpriye-kêpriye, kajaba aku mung arêp ngarani, yèn gêbyagane gamêlan kuwi mau brêgas, laras, lan waras. Sing brêgas, ingatase isih bocah-bocah, kathik kabare padha bocah desa, têka samono mungguh sêsurupane ing bab karawitan Jawa, dadi saupama munia: Kula lare Jawi, kenene ora mamang atine: mêngko gèk bêbêde bae sing Jawa, nanging bisa nêtêpake: iki, lho, bocah Jawa sêjati. Mulane tak arani: brêgas. Tak unèkake: laras. Sanadyan sing padha nabuh bocah-bocah, nanging ora ana suwarane kang mênjila, kaya ta: panabuhe gambang ora kêsêron, sing nganti suwaraning kayu: thok, thok, thok, cêtha wela-wela, utawa: panabuhe gong ora misah, dadi ora: gong plênong, têgêse: anggone ngunèkake gong lan kênong ora dibarêng, nanging kênonge rada kêpancal sathithik, lho, sing kaya ngono panggêbyagan ing kabupatèn ing Kêbumèn, ora ana, Kang Garèng, nanging kabèh-kabèh sarwa: laras, sarwa kêpenak, lan sarwa andudut ati. Banjur tak unèkake: waras, iki tuntunane, Kang Garèng.

Ing layangku kang dhisik wis tak caritakake ing bab kaanane panêmbrama kang ditindakake para putri, sauwise iki rampung, Kang Garèng, banjur dipitongtonake jogèd sêrimpèn, kang ditindakake dening bocah lanang papat. Kang Garèng, saupama sadurung-durunge aku ora sumurup, yèn bocah papat iki lanang kabèh, wah, bisa kalakon aku rêkès nganggo sègêl karo têngah rupiyah mênyang ingkang bupati supaya aku dibênuma dadi ... sêlire bocah papat mau, awit iya ora bakal nyana-nyanaa yèn bocah papat kuwi mau kandhidhat duwe ... brêngos kaya aku kiyi. Solah tingkahe, tandang-tanduke, sêngklak-sêngklike, apadene pleyat-pleyote, cêkak aos, bangsane kaum pupuran kabèh. Nèk miturut panyandraku, papat-papate mula iya wis: lêwês, gandês, kèwês ... pêdhês. Sing pêdhês iki lêlewane, Kang Garèng. Mêngko karêpku tak lanjari têmbung: pêdhês, kuwi katêrangane mangkene:

Jogèd sêrimpèn, kuwi sing wis tak sumurupi, nyang ngêndi-êndi, iya nyang: Surakarta, Ngayoja, malah ing Batawi pisan, salawase mêsthi: alus, lêntrêng-lêntrêng lan jatmika, prasaksat tanpa ana lêlewane babarpisan. Iki mungguhing aku ambosêni, Kang Garèng, nonton sadhela bae pikirane banjur: mêngko iya kêthuwal-kêthuwêl mêngkono-mêngkono bae. Seje karo bêksan sêrimpèn ing Kêbumèn, Kang Garèng, upama mangana mêngkono akèh sambêle, dadi akèh pêdhês-pêdhêse, dadi matane iya têrus mêndêlo bae. Dene sing minôngka sambêle bêksan sêrimpèn ing Kêbumèn mau, yaiku: lêlewane sing prasaksat tanpa ana [a...]

--- 1356 ---

[...na] sêtoplase. Awit wiwit ngadêg wis banjur pirang-pirang lêlewane: mincêg-mincêg, jlêntrik, jlêntrik, lan plêtak-plêtik, iki mungguhing aku minôngka anggugah para tamu. Mulane iya ora maido, yèn para tamu banjur mêncêngêr anggone padha mriksani. Kaya mangkono sawatara, banjur ditibakake nyang gambir sawit pacar cina, gêndhinge alus, Kang Garèng, mulane jogède iya alus. Barêng kirane para mriksani bosên, gêndhinge banjur disêngkakake manèh, lan sêrimpène wiwit nyambit lêlewa manèh. Mulane kiraku antarane para mriksani, iya ana bae sing ngarani: lho, kok nyêbal karo jogèd sêrimpèn lumrahe. Bênêr, nanging kiraku mula pancèn disêngaja, murih sing padha mriksani aja banjur bosên, sarta ngantuk: thêkluk, lan: cès, ngilêr kae.

Sauwise rampung, banjur dianakake bêksan pêrang tandhing, yaiku pêrange: Dèwi Srikandhi karo Mustakawèni. Wiwitane: dhalang ada-ada, banjur nyaritakake sawatara, wah, Kang Garèng, dhalange mula iya kampi, suwarane gêmlandhang, cêtha, kathik kêpenak dirungokake. Sauwise gêndhing srêpêgan diunèkake, yaiku playune Mustakawèni diburu dening Dèwi Wara Srikandhi. Sauwise putri loro iki padha adhêp-adhêpan, banjur diunèkake gêndhing pangkur. Wah, Kang Garèng, loro-lorone jogède pancèn iya wis kursus têmênan. Apa manèh barêng ditibakake nyang: srêbêgan,srêpêgan. pêrange putri loro mau kêna ditongton bangêt. Luwih manèh jogède Dèwi Mustakawèni, anggone: mincêg-mincêg, jlêntrik, jlêntrik, sugih lewa, wèh, nênarik atine para mriksani têmênan. Iki mula iya wis mathuk bangêt, dhasar Dèwi Mustakawèni kuwi putri ing tanah Sabrang, dadi yèn sugih kênès, sugih ... mèmfle, kuwi iya wis pantêse, nanging yèn Dèwi Wara Srikandhi, kok banjur mèlu-mèlu ngênès, trig-trigan, prèt-pretan, yak, wong iya putri Jawa, ênggone wanita jatmika, mêngko rak gampang anggone diarani putri ... lènjèh.

Nalikane isih jêjogedan, jalaran saka lêlewane, solah tingkahe, apadene lêlageyane, ing batin pikiranaku mung mangkene: We, hla prawan ngêndi bae, kathik le ayu-ayu, luwês-luwês, kawuwuhan sêdhêp. Kocapa barêng kêndhang muni: plak, plak, plak, gêm, blêp, ging, ngunèkake gêndhing gambuh, lan putri loro-lorone nêmbang gambuh kabèh, wah, mèh bae aku kuwalik saka kursiku, awit sing mêtu dudu suwarane bangsaning wanita, nanging suwarane bocah lanang sing lagi ngagor-agori. Wadhuh, eman bangêt, saupama aja susah nyuwara, nanging diwakilake pasindhène, kiraku tongtonan: cêsplêng têmênan.

Wis, Kang Garèng, layangku tak punggêl samene bae dhisik. Banjure mêngko padha dirêmbug dhewekan bae.

Rayimu: Petruk.

Magêlang, 23 Oktobêr 1937

--- 1357 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Badhe mêncarakên tanêman. Pakaryan babagan têtanèn ing Madiun, badhe sêsarêngan nyambutdamêl kalihan Pangrèhpraja, nangkarakên wowohan wontên ing papan ingkang kakintên mikantuki. Ingkang kapilih tumrap tanêman pêlêm wontên ing bawah Magêtan, jêram kêprok wontên ing bawah distrik Pulung, Ponorogo. Tumrap panggenan sanès-sanèsipun sawêg kapriksa.

Angin Gêndhing ing Probolinggo. Ing sabên taun sapisan ing Probolinggo wontên angin agêng ingkang dipun wastani angin Gêndhing. Dhatênging angin wau sabên ing wanci enjing jam 9 têrus ngantos têngah dalu, suwaranipun gumrubug kados angrêbah-rêbahna wit-witan. Namung anèhipun angin Gêndhing punika botên adamêl karisakan, malah angin wau sagêd nyirnakakên hawa awon ing salêbêting kitha. Namung tumraping wit-witan ingkang nuju mangsa sêkar asring lajêng gogrog sêkaripun, mila ing mangsa punika kathah wit pêlêm ingkang nuju sami sêkar gogrog sêkaripun, anjalari sudaning pamêdal pêlêm ing mangsa punika.

Congres ing Bali. Congres ing Bali sampun dipun wiwiti wontên ing puri Den Pasar. Papaning congres dipun rêngga-rêngga sakalangkung pèni. Comite panampi tamu asistèn residhèn Cox atur pambagya dhatêng para ingkang sami rawuh, lajêng dipun sambêt dening pangarsaning Java Instituut. Ing kala punika ugi tampi telegram saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Residèn Mol dados wêwakilipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mêdharsabda, lajêng dipun sambêt wêdharsabdanipun wêwakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana tuwin wêwakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Sasampunipun punika lajêng dipun wiwiti wêdharsabdanipun pangagêng-pangagêng ing Karangasem ing basa Mêlayu. Salajêngipun lajêng miwiti rêmbag ingkang dipun pangandikakakên dening tuwan-tuwan Stutterheim, Goris tuwin Resink.

Para agêng ingkang anjênêngi congres ing Bali. Para agêng ingkang anjênêngi congres ing Bali, ingkang saking Surakarta: Utusandalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, B.K.P.H. Hadiwidjojo, K.P.H. Tjokrodiningrat, B.K.P.H. Mr. Djojokoesoemo tuwin R.T. Padmodipoero. Saking Mangkunagaran: K.G.P.A.A. Mangkoenagoro. Saking Ngayogya: utusandalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, G.P.A. Tedjokoesoemo, B.P.A. Djojokoesoemo, B.P.A. Hadinêgoro. Saking Pakualaman: K.G.P.A.A. Prabu Soerjodilogo.

Arta Roode Kruis Fonds Tiongkok saking Bandung. Roode Kruis Fonds Tiongkok ing Bandung sampun kintun arta dhatêng Tiongkok gangsal rambahan gunggung 81.000 dollar. Sapunika taksih gadhah arta ing kas f 3900.-. Malah wontên wartos badhe tumbas kênine 300 kg. rêgi f 7800.-.

Calon warga Provinciale Raad golongan Parindra. Warga Gemeenteraad Bogor ing Golongan Parindra pang Bogor ngaturakên sêrat lumantar Burgemeester, ngajêngakên calon warga Provinciale Raad Jawi-Kilèn. Ingkang kausulakên: 1. Dr. Marzoeki Mahdi, Gouvernements Indisch Arts Bogor, 2. Mr. Sjamsoedin, Ambtenaar Algemeene Secretarie Bogor, 3. R. Soerasno, Referendaris Departement Economische Zaken, tuwin 4. Dr. Soeratmo pangagênging pajagalan Gemeente Bêtawi. Calon sadaya wau sami warga Parindra.

[Iklan]

Bond van Ongediplomeerde Inl. B.B. Ambtenaren. Wontên wartos, Bond van Ongediplomeerde Inl. B.B. Ambtenaren (O.B.A.) ingkang dipun pangarsani ing panjênênganipun Bupati ing Garut, anêtêpakên badhe anggolong dados satunggal kalihan P.P.B.B. ingkang dipun pangarsani dening tuwan Soetardjo, warga College van Gedelegeerden Raad Kawula.

Nyonyah Ratna Asmara dhatêng Hollywood. Nyonyah Ratna Asmara, bojonipun tuwan Andjar Asmara badhe dhatêng Hollywood, Amerika, pêrlu, dipun dadosakên juru main kangge gambar idhup nama Booloo. Nyonyah wau kadadosakên pangajênging film ingkang dipun mainakên. Nyonyah Ratna Asmara punika bangsa Sunda, wiwit alit wontên ing tanah Sumatra.

Punggawa Good Year botên nyambutdamêl. Sampun sawatawis dintên punggawa Good Year ing Bogor sami botên malêbêt nyambutdamêl, kajawi para punggawa ingkang nyambutdamêl ing kantoran. Anggènipun sami botên nyambutdamêl wau amargi wontên motor agêng ingkang risak, anjalari mêsin-mêsinipun botên lumampah. Ing sakawit lajêng badhe mêling mêsin dhatêng Amerika, nanging lajêng dipun ihtiyarakên supados tumuntên sagêd dipun santuni wontên ingriki kemawon, botên kêkathahên waragad. Kintên-kintên padamêlan wau lajêng tumuntên sagêd tumindak malih, botên andadosakên dangunipun ingkang sami nganggur.

Lèpèn ingkang kêmoran lisah pèt. Ing satunggiling dhusun bawah Têgal ing sacêlakipun rêdi Slamêt, nama dhusun Bêdagung, wontên lèpèn ingkang toyanipun kêmoran lisah pèt. Ingriku kathah tiyang ingkang sami mêndhêti lisah wau kangge dilahan, mila manawi wanci dalu ingriku katingal langkung padhang. Nanging lisah wau botên lajêng kasade kangge padagangan, amargi wontênipun lisah wau botên dangu lajêng ical.

Kapal dagang Australie langkung tanah ngriki. Wontên wartos West-Australie State Shipping Co ngawontênakên lampah layaran dumugi Bangkok tuwin Saigon, kapal wau ugi mampir ing Surabaya, Bêtawi, Palembang, Singapura tuwin Pênang. Ing sapunika ingkang nuju mlampah layaran kapal Kangaroo, salajêngipun badhe dipun wêwahi malih.

Ambulance Tiongkok. Tumrap badhe wontênipun ambulance Roode Kruis saking tanah ngriki dhatêng Tiongkok, sampun wontên tiyang 600 ingkang gadhah panêdha supados dipun angkatakên, kajawi punika inggih wontên doktêr tuwin zuster-zuster bangsa Eropa ingkang ugi badhe tumut.

Inggah-inggahan ing Jawi-Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Kardjali, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Patarukan, Kabupatèn Pêmalang, paresidenan Pêkalongan, dados mantri pulisi paresidenan Pêkalongan.

--- 1358 ---

Padagangan padhas. Ing dhusun antawising Dara kalihan Korêk, Ngawi, kathah pasitèn ingkang sairib kalihan gamping. Ingajêng têtiyang ingriku sami mêcahi sela wau kangge banon, kathah griya-griya ingriku ingkang banonipun ngangge sela wau. Dangu-dangu têtiyang ingriku wontên ingkang akal-akal damêl barang dandosan ngangge sela wau, kadosta damêl wadhah awu sês, pandamêlipun wangun warni-warni. Panyadenipun ngantos dumugi Nganjuk tuwin Caruban punapa. Panyadenipun 1 namung 4 sèn, nanging ragi lumayan.

[Grafik]

Para tamu congres Muhammadiyah malêbêt Karaton. Kados ingkang sampun kawartosakên Kajawèn kêpêngkêr, para tamu congres Muhammadiyah saking kamirahandalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, kaparêngakên malêbêt Karaton.

Inginggil punika gambaripun para tamu congres nalika wontên sangajêning Karaton badhe malêbêt.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit wulan Januari dumugi wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr, tumrap post wontên f 9.789.294.-, têlêgram f 3.641.884.-, telefoon f 5.620.660.-. Pêpetangan makatên ing taun 1936, post f 9.283.426.-, têlêgram f 3.093.948.-, telefoon f 5.089.895.-.

Parentah Nanking nêdha doktêr. Wontên wartos Parentah Nanking kintun sêrat dhatêng Roode Kruis Fonds Tiongkok ing tanah ngriki, apratela bilih ingrika kêkirangan doktêr sangêt kangge ngupakara tiyang kêtaton. Ingkang punika gadhah panêdha dhatêng tanah ngriki sagêda ngintuni doktêr 60.

Tumindakipun nyantuni arta sèn. Miturut suraosing undhang-undhang Nagari kaping 17 Juli 1936, arta sèn têmbagi dipun santuni arta sèn prunggu. Miturut petang sèn têmbagi ingkang sampun sumêbar wontên tanah ngriki cacahipun 720 yuta iji. Dene anggènipun nglintoni arta sèn prunggu sabên taun sagêd 120 yuta iji. Bab punika saking kaparêngipun Parentah, badhe ngenggalakên sagêdipun nglintoni arta prunggu wau.

Têtêpan asistèn-residèn. Tuwan F.K.W. Lisnet, asistèn-residèn ingkang kapiji dening Departement Pangrèhpraja kadèkèk ing Provincie Jawi-Wetan, katêtêpakên dados asistèn-residèn ing Bojonêgoro. Tuwan Dr. W.P. van Dam, asistèn-residèn ing Magêtan, kabantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi-Wetan.

R.H.S. badhe mèngêti adêgipun sampun 13 taun. Benjing tanggal 28 October punika Pamulangan luhur Pangadilan ing Bêtawi badhe mèngêti adêgipun sampun 13 taun. Ingriku dipun wontêni sêsorah ingkang gêgayutan kalihan pangajaran ing pawiyatan wau. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana inggih badhe anjumênêngi.

Majênging padagangan walur. Sampun sawatawis dangu ing Jawi Wetan wontên padagangan walur ingkang dipun tumbas dening bangsa Jêpan. Mangka walur wau ing kala rumiyin botên wontên damêlipun babarpisan. Malah wontên wartos wontên satunggiling bangsa Jêpan ingkang purun mragadi ngantos têlas f 7000.- pêrlu pados panggenan ingkang ngêdalakên tanêman wau. Wontên malih ingkang purun ngêdalakên waragad ngantos f 10.000.- kangge nanêm kanthi nyukani prabot. Rêginipun sapunika, walur ingkang garing ing dalêm sapikul f 6.-.

Pakêmpalan nyirnakakên tiyang wuta. Pakêmpalan ing tanah ngriki ing bab nyêgah tuwin nyirnakakên wuta (Ned.-Indische Vereeniging ter voorkoming en Bestrijding van Blindheld), ing sapunika pinanggih saya majêng, amargi pakêmpalan wau angsal pitulungan saking S.I.M.A.V.I. (Steun In Medisch Aangelegenheden Voor Inheemschen), ing nagari Walandi, kajawi punika taksih angsal pitulungan saking sanès-sanèsipun malih. Tuwin malih pakêmpalan punika ugi angsal pitulungan jampi-jampi ingkang pêrlu saking Pakaryan Kasarasan. Malah ugi lajêng sagêd ngawontênakên Ind. Arts tuwan Soediro, lajêng kadadosakên pambatunipun dokter mripat Tijssen ingkang misuwur ing Kêdiri. Ing wulan November ngajêng punika badhe nindakakên padamêlan ing Cirêbon-Wetan, manggèn ing griya sakit tuwin polikliniek regentschap pundi ingkang wontên. Sasampunipun saking ngriku lajêng tumindak urut pasisir Lèr Jawi Kilèn.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe têdhak Sumatra. Wontên wartos, benjing wulan Maart 1938 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan tuwin putra, badhe têdhak Sumatra Pasisir-Wetan, sakawit ingkang dipun rawuhi ing Palembang, lajêng Sumatra Pasisir-Wetan, Riouw, wêkasanipun Banka utawi Billiton. Sagêd ugi nglajêngakên dhatêng Borneo-Kilèn. Têdhakdalêm wau laminipun tigang minggu, sagêd ugi langkung.

Kêbêsmèn agêng ing Singkawang. Kala malêm Jumuah wanci jam 7 sontên ing Singkawang wontên kêbêsmèn agêng, griya ingkang kêbêsmèn ing Pasar Baru, Pasar Tengah, Pasar Pagi, Pasar Lama tuwin taksih wontên malih. Griya ingkang kêbêsmi sadaya wontên 800, kapitunanipun 2 yuta rupiah.

ASIA

Kapal Jêpan ambêkta granat. Pangagêng marinê Inggris ing Singapura mêntas mriksa kapal Jêpan alit, ingriku pinanggih ambêkta granat 400 iji. Bangsa Jêpan wau nalika dipun priksa, cariyos bilih asli saking pulo ing lautan Indiya. Miturut pangintên granat wau asli saking kapal Êmdên ing pulapulo. Kalapa. Sarêng kalajêngakên panitinipun, saya mantêp bilih granat wau asli saking kapal Êmdên ingkang kabucal dhatêng sagantên. Nanging dèrèng sagêd nêtêpakên kadospundi sagêdipun kapal Jêpan manggihakên barang wau.

AMERIKA

Manggihakên tilas kasangsaran. Sampun sawatawis dintên wontên kasangsaran motor mabur ingkang lajêng ical larinipun. Motor mabur wau anggêgana saking New York dhatêng Salt and Cety. Ing sapunika motor mabur wau pinanggih namung kantun tilas-tilasipun wontên ing èrèng-èrènging rêdi ingkang 3000 m. inggilipun, prênahipun saking kitha Salt Lake City wontên 130 km. Motor mabur wau ingkang numpaki tiyang èstri 4, jalêr 15. Ingriku botên wontên tandhanipun bilih têtiyang ingkang numpak taksih gêsang.

Kolonèl Lindbergh. Wontên wartos, kolonèl juru anggêgana Lindbergh ingkang misuwur, anyagahi nampèni padamêlan upsir andhungan, inggih babagan anggêgana, laminipun gangsal taun. Dados botên nyata bilih piyambakipun badhe ngêmohi karakyatan Amerika.

--- 1359 ---

Wêwaosan

Pêpisahan ngantos pitung taun, sagêd pinanggih malih. (Dongèng)

Dening Slamêt

2

Sarêng sampun satata lênggah, sakabat Ngali sumêrêp dhatêng Tamim, sanalika jumênêng gita-gita anyêlaki dhatêng Tamim, sêsalaman kalihan ngandika : Kabênêran bangêt, aku ana kene bisa katêmu karo kowe, amarga wus suwe anggonku ngarêp-arêp, nanging kok ora kapêthuk, jêbul kapranggul ana kene, aku lêga bangêt. Wigatine aku mung arêp nyatakake pawarta saka kandhane anake lanang pamanamu, lan nocogake pamêcane nabi kang wus tau amêdharake marang aku. Jare kowe mêntas lêlungan pitung taun, wêruh kaanan sing anèh-anèh lan durung tau ana wong siji bae kang wêruh, iku sing tak impi-impi kêpengin tumuli wêruh yêktine, mara coba caritakna lêlakonmu nalika lêlana pitung taun, apa kaanan kang kowêruhi kandhakna kabèh, wiwitan, tumêka pungkasan, karêbèn dimirêngake karo kang padha lêlênggahan.

Tamim kadhawuhan andongèng lêlampahan anggènipun kêkesahan ngambah ngawang-awang lan dhasaring siti, punika sakalangkung bingah, awit punapa ingkang kacariyosakên, badhe kauningan ing ngarsaning pangadilan, ngiras minôngka wangsulan dhatêng pandangonipun kalipah, mila Tamim lajêng angandharakên: Kauningana, anuju satunggiling dalu, kula wontên ing griya kalihan bojo kula punika, kula cariyos makatên: Êmbokne, aku kok eling wasiyate Rasulullah, ngandikane: Wong arêp mapan turu iku yèn awake nuju rêgêd (kadas gêdhe) prayoga sêsuci adus dhisik. Bojo kula mirêng cariyos kula makatên punika, sanalika piyambakipun lajêng ngangsu angêbaki kulah, dipun sêdhiyakakên dhatêng kula kapurih ngangge adus, kula kapêksa nglampahi, nêtêpi cariyos kula wau. Sarêng kula sampun dumugi ing jamban, kula cariyos: Êmbokne, kowe ngêntènana ana ing kono dhisik, aja lunga-lunga yèn durung rampung anggonku adus, amarga pêtênge kok andhêdhêt têmên.

Bojo kula mangsuli kalihan sêmbranan: E, e, tobil, kojirèh têmên, dadi kowe iku gênahe wêdi pêpêtêng iki, ora wêdi karo wong ala sing gêndhak sikara. Hi, hi, adhi jênggêrêng-jênggêrêng ing burimu kuwi apa. Wong lanang iki lho, gondholên marana. Cariyosipun bojo kula ingkang kados makatên punika, pangintên kula namung sêmbranan, jêr anggènipun cariyos kalihan gumujêng cêkikikan. Wusananipun jêbul wontên jênggêrêngipun tiyang sayêktos, inggilipun sami kalihan wit kurma, katingal ngadêg wontên ing ngajêng kula. Sami sanalika punika, kula disundipun. sikêp kalihan tiyang wau, lajêng kabêkta mumbul andêdêl dhatêng ngawang-awang. Sarêng sampun inggil sangêt, kula lajêng kabêkta nylorot mangandhap bêblês, ngantos dumugi dhasaring siti, dumugi ing ngriku kula sawêg dipun sèlèhakên, lajêng katilar kesah, kalepat.

Sauwal kula saking gendhonganipun tiyang agêng inggil, kula lajêng mlampah-mlampah piyambak, ing ngriku katingal nagari agêng rêja lan rame, têtiyangipun sami nyêmbah latu, kula wontên ing nagari ngriku laminipun kalih taun. Wusana ing satunggiling wanci, kula mirêng suwara pujian tahlil saha takbiran rame gumuruh. Kula lajêng pitakèn dhatêng tiyang ing ngriku makatên: Ki sanak, punapa wigatosipun suwara kados makatên punika, kula wontên ing ngriki kalih taun, sawêg nêmbe mirêng sapunika. Wangsulanipun: O, ênggih, anggèr, andadosna sumêrêp sampeyan, kabare nagara ngriki ajêng kadhatêngan ratu jim mukmin nama: Mahan, ajêng ambêkta wadyabala kathah, sumêdya mêrangi dhatêng bôngsa kula jim ing nagari ngriki, bokmanawi ênggih niku saèstu.

Botên watawis dangu kalihan wontênipun suwara rame gumuruh, ing ngriku ratu jim Mahan sawadyabalanipun saèstu dhatêng, mirantos dêdamêling prang. Para jin ing nagari ngriku sami mapagakên sumêdya nglawan, wusana kalampahan campuh pêrang rêrêmpon sakalangkung rame, dêdrêg udrêg-udrêgan, asilih-ungkih, gêntos unggul, gêntos kalindhih. Wêkasan wadya jim ing nagari ngriku kasoran, kawon pêrangipun. Senapatining prang sawadyabalanipun ingkang kaboyong ing mêngsah wontên cacah pitung dasa èwu, kalêbêt kula (Tamim) piyambak punika.

Boyongan pitung dasa èwu wau, sadumugining nagarinipun lajêng kaladosakên konjuk ing ngarsanipun sang ratu jim Mahan, majêng satunggal-satunggal, prêlu dipun uningani kawujudanipun. Sarêng dumugi kula (Tamim) ingkang majêng ing ngarsanipun sang ratu, ing ngriku dèrèng ngantos kadangu punapa-punapa, kula nyêbut asmaning Pangeran, Sang Ratu Jim Mahan midhangêt panyêbut kula wau, sakalangkung kagèt ing galih, sanalika lajêng andangu: Kowe iku sapa jênêngmu, lan sapa kang nêkakake kowe ana ing talatah nagara jim kene iki. Wangsulan kula: Nami kula Tamim, wondene ingkang andhatêngakên kula dumugi ing nagari jim, punika jim agêng inggil ingkang kula dèrèng sumêrêp namanipun.

Wontên ing ngarsanipun Sang Ratu Jim Mahan, kula lajêng andongèngakên lêlampahan kula wiwitan dumugi wêkasan. Sang ratu karênan ing galih, kula lajêng botên kalilan kêmpal nunggil kalihan jim boyongan sanès-sanèsipun, kapijèkakên piyambak, malah kakarsakakên dados abdinipun, kadhawuhan mulang ngaos dhatêng para putra-putranipun Sang Ratu Jim Mahan, mênggah kaparêngipun sang ratu ingkaingkang. makatên wau, sakalangkung andadosakên sukur bingahing manah kula ingkang tanpa upami, mila punapa dhawuhipun sang ratu, inggih kula èstokakên kalayan têmên-têmên, awit saking sêtya tuhu

--- 1360 ---

kula punika wau, sang ratu saya wêwah trêsna asihipun dhatêng kula, ngantos botên kalilan pisah têbih. Saking kasoking trêsna asihipun sang ratu, kalamôngsa kaparêng angladosi piyambak dhatêng kula.

Kabêkta saking sampun dangu anggèn kula wontên nagari jim, sanadyan kula dados abdinipun Sang Ratu Jim Mahan punika, gêsang kula botên badhe kêkirangan, ewadene manah kula lajêng kraos kados dinudut mak nyut, èngêt dhatêng semah kula katingal gawang-gawangan ing mripat kula, mila mripat kula botên kenging kaampêt malih, lajêng ambrêbês mili angêdalakên luh carocosan, ngantos kadêngangan ing sang ratu. Sang ratu lajêng andangu: Ana apa kowe Tamim, têka ambrêbês mili daleweran mangkono, kang kosusahake apa, apa kurang cukup anggonku paring kabungahan marang kowe, apa kurang kapriye, bêcik matura bae: Tamim.

Atur wangsulan kula: Dhuh, gusti, saèstunipun bab pêparing paduka dhatêng kula sampun langkung cêkap, namung sarèhning anggèn kula wontên nagari jim punika sampun dangu sangêt, dumugi samangke raosing manah sampun kangên sangêt dhatêng semah kula ingkang kula tilar wontên ing griya piyambak, dene saprika-sapriki kula botên sagêd kintun punapa-punapa.

Ratu Jim Mahan: Aja dadi kagèting atimu, Tamim. Kowe mangrêtia, kene iki karo omahe bojomu adoh bangêt, kêlêt-lêtan pagunungan kang gêdhe-gêdhe, sagara wêdhi angilak-ilak tanpa têpi, ara-ara, alas gêdhe-gêdhe tur rungkud, cêkake dudu ambah-ambahane uwong, mulane bêcik ora mulih bae.

Kula dipun ngandikani Sang Ratu Jim Mahan makatên wau, lajêng nangis sanalika kalihan sêsambat. Saking sruning anggèn kula sêsambat, sang ratu katingal wêlasipun dhatêng kula, mila lajêng kawêdhar pangandikanipun ingkang adamêl asrêping manah kula, dhawuhipun: Kowe aja was sumêlang, prakara anggonmu kapengin mulih marang nagaramu, mêsthi kalêksanan, amarga sanadyan aku mau wus ngandika, yèn nagara kene iki, karo omahmu pancèn adoh sing wis ora karuan kae, nanging ing kene ana kang bakal bisa ngulihake kowe marang nagaramu, nganti têkan ing omahe bojomu kanthi slamêt.

Sang ratu lajêng nganthi kula tindak mlampah-mlampah, kula katêdahakên dhatêng satunggiling guwa, ingkang ing ngriku wontên jim namanipun: Dahnas bin Markon, mripatipun manthêlêng angajrih-ajrihi, nanging badanipun sampun kaêrut mawi tangsul kêncêng, tuwin kablênggu sakalangkung kiyat, ngantos botên sagêd ebah. Sang ratu lajêng nyêlaki dhatêng jim Dahnas wau sarwi ngandika: He, Dahnas, kowe upama dak tulung tak luwari saka pakunjaran, apa kowe gêlêm lan kaduga mitulungi gênti, angulihake Tamim iki, marang nagarane, nganti têkan ing ngomahe bisa katêmu lan ahli warise. Wangsulanipun Jim Dahnas: Sagah, saha sandika ngèstokakên punapa dhawuhipun sang ratu. Sang ratu lajêng kaparêng anguculi bandan saha ngicali blênggunipun.

Saluwaripun Jim Dahnas saking pasiksan, lajêng enggal mapan tata-tata, samêkta anggènipun sagah badhe ngantukakên kula. Sang ratu lajêng nyêlaki dhatêng kula kalihan paring piwêling makatên: Mim, saiki kowe sida arêp diulihake karo si jim Dahnas, nanging panggalih kula rada kuwatir lan sônggarunggi, yaiku nèk kowe wis kalakon diajak Si Jim Dahnas, ana ing dalan gèk kowe banjur diganggu gawe lan dikaniaya, dicêmplungake sagara utawa ditinggal ana ing têngah alas, iku kang tak sumêlêngake. Mula ora liwat aku mung wêling, ing sajrone kowe milu Si Jim Dahnas, aja pêdhot panuwunmu marang Pangeran Kang Maha Wêlas lan Asih, muga paring slamêt ana ing sadalan-dalan, lan kalis saka pangganggu gawene jim Dahnas. Wus mung iku wêlingku marang kowe, poma eling-elingên têmênan. Sawêg kèndêl pangandikanipun Sang Ratu Jim Mahan punika, kula babarpisan dèrèng kraos punapa-punapa, jêbul kula sampun kabêkta mabur minggah andêdêl, sumêrêp-sumêrêp sampun wontên ing ngawang-awang uwung-uwung, kula lajêng èngêt nyuwun dhatêng Pangeran. Sarêng minggahipun sampun andêdêl sangêt, ing ngriku wontên wêwarnèn cumlorot sarupi latu murub kados obor, ngengingi dhatêng pun Jim Dahnas, badanipun kobong sami sanalika, kula lajêng dipun êculakên, têrus dhawah ing sagantên ijêm, ing ngriku kula dipun tulungi dhatêng satunggiling pêksi, dipun êntasakên kabêkta dhatêng gisiking sagantên, saha lajêng dipun ombèni saking cucukipun, kalihan sêmu angarêm-arêmi dhatêng kula, mênggah cêthaa, têmbungipun makatên: Ki sanak, sampun was sumêlang ing galih, sampeyan wilujêng, botên wontên bêbaya satunggal punapa.

Sasampunipun kula angsal pitulunganing pêksi, kula lajêng krèkèl-krèkèl minggah dhatêng satunggiling pulo, dumugi ing ngriku kula lajêng kèndêl, dangunipun ngantos sakawan dasa dintên. Salêbêtipun kula wontên ing ngriku, namung mlampah-mlampah kalihan mêmikir ngiras nyumêrêpi kawontênaning pulo wau, wasana kula mrangguli satunggiling sato kewan ingkang dipun umbar botên wontên ingkang angèn, kula lajêng linggih thênguk-thênguk kalihan dhêlêg-dhêlêg sarwi nyawang kewan wau. Bokmanawi kewan wau gadhah wêlas nyumêrêpi dhatêng kawontênan kula punika, sêmunipun gadhah sêdya badhe têtulung, kewan wau ngantos kawêdal wicantênipun, mênggah cêthaa, têmbungipun makatên: Ki sanak, sampeyan kaparênga nyêlak dhatêng kula mriki. Kula botên sarônta lajêng enggal-enggal mara anyêlaki, saha lajêng kula cengklak purun, kewan wau botên kula atag, lajêng mlampah sakajêngipun piyambak, sapurug-purugipun namung kula turut kemawon, ngantos dumugi ing panggenanipun satunggiling pandhita, sawêg purun kèndêl. Pandhita mêdal gita-gita amanggihi dhatêng kula, pitakèn makatên: Sampeyan punika asli saking pundi, nama sampeyan sintên, saha dhatêng sampeyan ing ngriki punika badhe gadhah prêlu punapa.

Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

Nomêr 42, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Bab Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 84.

Sêsemahan kados kasêbut nginggil, punika dadosipun inggih sagêd kathah ingkang sênêng, wilujêng, lan ugi wontên ingkang dados kirang sae, nanging punika kalêbêt limrahipun barang ngalam donya, kados katrangan kula ing ngajêng.

Miturut andharan, lampahing sêsemahan cara lami kalihan cara enggal wau, inggih sami saenipun, lan inggih sami matonipun, saupami jaman sapunika sampun malih jaman mudha babarpisan, cara enggal wau sampun botên wontên pakèwêdipun, dipun angge sadhengah tiyang, sami ugi kalihan cara lami kanggenipun jaman kina, inggih sampun sakeca kemawon. Wangsul kawontênanipun sapunika dèrèng makatên, inggih punika sawêg nêngah-nênahinêngah-nêngahi. kala antara, cara kalih wau taksih wontên ingkang ngangge piyambak-piyambak. Manawi golongan sêpuh anggènipun anjodhokakên namung kalihan golonganipun piyambak, wontênipun cara kalih warni wau inggih sae kemawon, amargi sampun wontên ingkang ngangge piyambak-piyambak, sarta botên badhe munasika ing sanès, nanging makatên punika masthinipun inggih botên sagêd kalampahan, amargi gêsanging golongan sêpuh kalihan nèm punika salugunipun taksih dados satunggal, botên apanthan piyambak-piyambak, dados sampun masthi golongan sêpuh kêrêp lêlayanan kalihan golongan nèm, utawi kosokwangsulipun. Inggih ing ngriku punika panggenan gawat-gawating gawat, pamanahan.

Upaminipun wontên golongan sêpuh gadhah anak golongan nèm, lare wau ngangkah semah golongan nèm, anakipun golongan sêpuh wau lajêng ngangge cara ingkang pundi. Ingkang golongan sêpuh namung kêncêng botên ngajêngi lampah wêwanuhan rumiyin, amargi namung botên tega thok anglilani anakipun èstri kangge cobèn-cobèn cara enggal, inggih manawi anggènipun rêrêmbagan sêsemahan wau masthi dados, manawi botên, punika tumrapipun lare èstri sampun nama kirang prayogi, sarta malih ugi ambêbayani sangêt lare èstri wau lajêng sampun kêtuwuhan wiji palakrama, punika ubalipun sagêd anatasakên tangsulipun kasusilan Jawi.

--- [0] ---

Kosokwangsulipun golongan nèm, manawi botên dipun lilani wêwanuhan rumiyin, inggih narimah botên saèstu lêlayanan rêmbag kemawon, dados tansah badhe pasulayan kemawon. Môngka tumrapipun jaman sapunika, kawontênan kados makatên punika masthi taksih kathah sangêt, inggih manawi bibaripun rêmbag wau namung kèndêl samantên, manawi taksih wontên sambêtipun ingkang mutawatosi, inggih punika namung badhe kalajêngakên piyambak, tanpa mawi idining tiyang sêpuhipun, tamtunipun tiyang sêpuh inggih botên badhe damêl punapa-punapa, nanging punika rak nama ambibrah tataning bôngsa. Sadaya bôngsa ingkang ngangkah majêng kanthi kasusilan, masthi nêbihi sangêt dhatêng lêlampahan ingkang nistha wau.

Hla, kadospundi, punapa golongan sêpuh, kalihan golongan nèm lajêng simpang-simpangan kemawon, mêdal marginipun piyambak-piyambak, punika masthi botên sagêd, amargi golongan sakalih-kalihipun wau lugunipun taksih bêtah-binêtahakên, dados botên sagêd kapilah-pilahakên.

Awit saking punika, ngèngêti gawating kawontênan wau, kula manah prêlu sangêt, wontêna tataning palakrama, ingkang sagêd damêl pamarêming golongan sakalih-kalihipun, inggih punika gologan sêpuh puruna tumiyung sawatawis, golongan nèm inggih puruna ngèngêti bêbaya wau, wêkasan sagêd damêl wilujêngipun bôngsa kula Jawi sadaya. Amin. Brataraharja, K. 1753.

Wangsulan Katur Sadhèrèk Arun ing Sêmarang

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 84

Bab III. Ingkang panjênêngan karsakakên punika wanita ingkang pundi, awit saking pamanggih kula tiyang punika sagêd kaperang:

a. Miturut panggenan panggêsanganipun.

b. Miturut cara panggulawênthahipun.

Bab punika saking pamanggih kula botên pilih wanita ingkang pintêr, bodho, sugih, miskin, inggil, lan andhap, lan inggih botên pilih panggenan, punapa wontên Sêmarang, punapa Rêmbang, punapa Bêtawi, punapa wontên pucuk rêdi, kados sami kemawon, jêr sadaya tiyang ingkang sami rumaos ngalami wontên ing salêbêting jaman rêkaos punika, ingkang baku nomêr satunggal namung dumunung wontên pangastaning ekonominipun dalêm, langkung-langkung ingatasing wanita ingkang kagungan têtanggêlan bab wau, yèn pangastaning ekonomining dalêm sarwa ngatos-atos, sarwa ngrampungi, botên nilar gêmi, nastiti, lan ngati-ati, sanajan manggèna wontên ing pundi kemawon gêsangipun sakukuban masthi pinanggih sênêng lan ayêm. Awit kasênêngan lan ayêming tiyang gêsang makatên botên namung dumunung wontên ing papan lan nagari agêng kemawon.

Tutuping atur kaparênga kula nyuwun priksa gêntos, sadaya dhawuh panjênêngan, 3 prakawis wau, murih cêthanipun, awit kula kuwatos yèn atur wawasan kula punika kalèntu. Rak inggih ta sadhèrèk Landêp. Wasana nyuwun gênging pamêngku, langkung-langkung dhumatêng paduka rama up.

Mbok S. Wir, Rêmbang

--- [0] ---

Bab Olah-olah

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 84.

Brêgêdèl Gêndruk

Murih sampun ngantos kalèntu, mênggah ingkang winastan gêndruk ing ngriki, inggih punika bôngsa talês utawi bothe ingkang godhong dalah witipun awarni ijêm, godhongipun lêdhung-lêdhung wiyar, dados sanès agagang cêmêng punika.

Mumpung samangke pinuju awis kênthang, gêndruk wau prayogi sangêt kadamêl lêlintunipun, mathuk kadamêl brêgêdèl, malah kacariyos kadamêl asih ugi kenging. Nanging rèhning kula piyambak dèrèng nyobi, prayogi sapunika kula ngaturi udhu bab pandamêlipun brêgêdèl kemawon rumiyin.

Mênggah bumbuning brêgêdèl gêndruk inggih punika: mrica, pala, brambang, bawang, sarêm, gêndhis 1 sendhok tèh, kaulêg. Gêndruk wau kakumbah rêsik rumiyin. Lajêng kaêdang ngantos matêng, bilih sampun matêng kaoncekan, kairis-iris kandêl, punika lajêng kagorèng ing lisah kalêntik, kaangkaha sampun ngantos kêgaringên, kaêtus. Tumuntên katilara anacah ulam daging ingkang ngantos lêmbat, lajêng kaulêg akalihan gorengan gêndruk wau, tumuntên bumbunipun kacampur, kaêmoran malih rajangan, slèdri tuwin godhong brambang, kaulêt dados satunggal, tumuntên ngêbluka tigan satunggal utawi kalih, kangge amboboki, lajêng kagorèng ing wajan, mawi lisah kalêntik, panggorèngipun aring-aring kemawon, supados matêngipun katingal sumringah jêne, dados latunipun sampun ngantos kagêngên. Bab punika sampun asring kula cobi, raosipun botên prabeda kados brêgêdèl kênthang kemawon, malah laki kula manawi pinuju kula sêgah makatên sok pitakèn: Apa saiki wis bali murah kênthang manèh ta, olèhmu ambrêgêdèl kok akèh. Lajêng kula sanjangi samêsthinipun.

Kothokan pêtis urang

Mundhuta sêkar bawang, inggih punika tumrap ing padunungan kula dipun wastani: blalo. Kathahipun tigang unting (tigang têkêm) lajêng kakumbah rêsik, karajang cêlak-cêlak, watawis panjangipun nyatêngah sèntimètêr. Pêtis urang watawis 10 sendhok dhahar. Kabumbonan: sarêm, traos, bawang, kêtumbar, kêncur, kunci, laos, kunir, gêndhis pasir 2 sendhok tèh, lombok impling pangaos 1 sèn, godhong jêram purut 3 lêmbar, asêm 5 klungsu, kaulêg lêmbat, katoyanan santên nyêmên-nyêmêk.nyêmêk-nyêmêk. Bumbu punika kagôngsa ing wajan mawi lisah jalantah ingkang bêning, lajêng kaêsokan santên wau, tumuntên pêtis kacêmplungna, kasarêng kalihan rajangan lombok ijêm sawatawis, nuntên blalo kacêmplungna dados satunggal, kaudhêk sampun ngantos ngintip, latunipun kajagia sampun ngantos kagêngên, bilih kothokan wau sampun katawis asat nyêmêk-nyêmêk, nuntên kaêntas kangge rangkèn lawuh dhahar.

Manawi botên têlas saêndhêgan, tirahanipun karimata ing panci, sabên badhe kadhahar dipun êngêt rumiyin. Kothokan makatên punika tumrap padunungan kula sawênèh mastani: sambêl tubil.

Kula juru dang K. 1815 ing Malang.

--- [0] ---

Sinjang Sidaluhur

Sinjang Sidaluhur punika satunggiling sinjang latar cêmêng ingkang kêbak sogan, mila sanadyan sinjang latar cêmêng, mramongipun botên kawon kalihan sinjang latar cêmêng sanès-sanèsipun. Nanging sanadyan mramong kados makatên, pantês dipun agêm ing priyantun sêpuh anèm, kakung tuwin putri, botên ngagètakên.

[Grafik]

Namaning sinjang Sidaluhur, punika sampun jarwa, atêgês pangajap sae, tuwin mênggahing nyatanipun, pancèn inggih sae.

Sinjang Sidaluhur punika panyêratipun mawi pola, gagragipun warni-warni, nanging sami-sami sinjang Sidaluhur, tumrap ingkang kacêtha ing gambar, punika nyalênèh piyambak, aslinipun saking Surakarta, dene rumiyin, ingkang ngangge namung suwargi Radèn Ngabèi Prajapustaka (Ki Padmasusastra).

Kêbêkta saking rêmênipun Radèn Ngabèi Prajapustaka dhatêng sinjang wau, salaminipun botên nate ngangge sinjang bathik, sanèsipun Sidaluhur ingkang kados makatên punika. Kados tumraping para priyantun ing Surakarta ingkang rumiyin kulina kalihan Radèn Ngabèi Prajapustaka, botên kêkilapan. Tuwin bokmanawi samôngsa priksa wujuding sinjang Sidaluhur wau, inggih èngêt dhatêng Radèn Ngabèi Prajapustaka. Mila mèmpêr saupami sinjang Sidaluhur wau dipun wastanana: Sidaluhur Prajapustaka.

[Grafik]

Suwargi R.Ng. Prajapustaka ngangge sinjang sidaluhur.

Dumuginipun sapunika, sinjang Sidaluhur wau dèrèng sumrambah namung anak putunipun Radèn Ngabèi Prajapustaka tamtu rimat. Biyang Sri.

--- [1361] ---

Ôngka 87, Stu, Pn: 25 Ruwah, Ehe 1868, 30 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi, Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pêrang-pêrangan ing Surakarta - Banawi: Silugôngga - Bab Nama-namaning akik - Kawontênan ing Tiongkok - Bab Pahargyan ing Kêbumèn - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kautamèn

Kautamèn punika limrahipun dipun padosi ing tiyang, awit tabêtipun badhe lêstantun ing salami-laminipun, ngantos dumugining kubur pisan, taksih anggônda ngambar. Mila sintên tiyangipun ingkang botên ngudi dhatêng kautamèn, inggih badhe kapitunan ing salami-laminipun.

Minôngka pangarêm-arêm, tiyang nglampahi kautamèn wontên ing donya, punika badhe dados sangu wontên ing akeratipun. Mila tumrap ingkang kêbuka ing manah, mupung gêsang, prayogi nindakna kautamèn, awit badhe ngundhuh wohing kautamèn ingkang langgêng.

Tiyang nilar nama sae, punika pancèn angèling angèl, mila tiyang sok lumuh anglampahi. Nanging manawi dipun manah panjang, sayêktosipun botên wontên tiyang ingkang botên nêdya lampah sae, sanadyan durjana juti, niyatipun botên sanès inggih saking anggènipun badhe anglampahi sae, tandhanipun anggènipun anglampahi kadurjanan wau inggih prêlu badhe kangge sangu ngêdêgakên gêsangipun.

Nanging tiyang manawi angugêmi tindak kados makatên wau dipun wastani lêrês, nama badhe ngrisak tataning jagad. Namung kosokwangsulipun, tiyang nglampahi awon ingkang kados makatên wau inggih botên kenging dipun têtêpakên awon ing salaminipun, sagêd ugi lajêng pinaringan èngêt, santun ngambah ing kautamèn. Makatên ugi tumraping tiyang ingkang tansah manggèn ing kautamèn, sagêd ugi lajêng santun ngambah ing kanisthan.

Sayêktosipun sadaya wau namung kangge ngasah dhatêng landhêping panggraita, tiyang sampun sok gadhah panganggêp bilih lêlampahan ing donya punika botên sagêd ewah.

Tumraping dêdongengan, punapa wontên tiyang mursal kados tabe-tabe Kangjêng Sunan Kalijaga, ewasamantên icaling mursalipun malah dados wali linangkung.

Bab makatên wau sabên tiyang sampun mangrêtos, malah adhakan ngangge ginêm bab Kangjêng Sunan Kalijaga, badanipun piyambak dipun embakakên, nanging ing kalanipun nuju lampah awon. Bab saenipun mangke rumiyin.

Mila manawi dipun manah panjang, tindakipun Kangjêng Sunan wau pancèn menginakên, dene dèrèng seda kemawon sampun ngraosakên manggèn ing kadhaton kautamèn.

Cêkruktruna.

--- [1362] ---

Pêrang-pêrangan ing Surakarta

Kados ingkang sampun kawartosakên, ing Surakarta mêntas wontên ajar-ajaran pêrang. Ing kala punika Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana ugi rawuh mariksani.

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar nginggil piyambak: Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana lênggah jajar kalihan Jendral Ilgen, Gusti Kangjêng Ratu Êmas tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

Gambar bundêr sisih têngên: Satunggiling golongan wadyabala ingkang dipun tindhihi dening 2e luitenant S.H. Alkadrie (ing têngah) putranipun Sultan Pontianak.

Gambar ing ngandhap: Krêtêg ing Lèpèn Grogol ingkang dipun damêl dening wadya Genie, rampung salêbêtipun 33 jam. Ingkang saperangan risak dening dhinamit (bundêran), karisakan wau sagêd rampung dipun dandosi sawatawis jam.

Gambar têngah: Para ingkang mriksani pêrang-pêrangan saking krêtêg tosan, mriksani patraping pangrisakipun tuwin anggèning andandosi krêtêg wau.

--- 1363 ---

[Iklan]

Banawi Silugôngga

Kala rumiyinipun, kala Juwana taksih dados kitha kabupatèn, kapetang rame sangêt, plabuhanipun agêng, têtiyangipun kathah ingkang sugih. Ingkang bupati ing ngriku kalangênanipun ringgitan.

Ing satunggaling dintên, nuju malêm Jumuwah, ingkang bupati ngarsakakên ringgitan, ngangge nimbali para priyantun barang. Tiyang ningali tanpa wicalan. Mênggah lampahanipun ringgit: Kôngsa Adu Jago. Sarêng têngah dalu, nêdhêng-nêdhênging ramenipun ringgit, ratunipun baya ingkang ambaurêksa banawi awujud baya pêthak, lajêng manjalma dados manusa, mangangge sarwi cêmêng, mêntas saking banawi, prêlu ningali ringgit, amor kalihan tiyang kathah. Anggènipun ningali kasênêngan, ngantos supe wanci.

Sarêng ngajêngakên bangun enjing, sawêg èngêt, enggal wangsul. Sadumuginipun ing pinggir banawi kagèt sangêt, sabab sampun kathah tiyang, rumaos yèn kamanungsan. Enggal ngundang tukang nambangi, kapurih nyabrangakên. Sarêng dumugi ing satêngah-têngahing banawi, nuntên ambyur, malih dados baya pêthak malih. Tukang nambangi sumêrêp, sangêt ing ajrihipun, baitanipun enggal dipun pinggirakên kalihan andhrêdhêg wel-welan. Sadumuginipun pinggir, nuntên wara-wara punapa ingkang mêntas kalampahan. Sakêdhap kemawon, wartos wau sampun sumêbar dumugi ing pundi-pundi.

Kawontênan wau lajêng dados: ila-ila, ngantos sapriki, manawi têtiyang ing ngriku ringgitan, ajrih mawi lampahan Kôngsa Adu Jago.

Pangantèn enggal dipun gondhol baya.

Kabaripun kala jaman kina, wontên tiyang sakilèn banawi [ba...]

--- 1364 ---

[...nawi] besanan kalihan tiyang wetan banawi, nalika pangantèn dipun undhuh mantu, pangantèn jalêr èstri dalah pangiringipun pisan sami numpak baita. Sarêng dumugi ing têngah-têngahing banawi, pangantèn èstri dipun sarap baya kabêkta amblês ing banawi, ical botên kantênan. Gègèripun tiyang botên kenging winiraos.

Kocapa, pangantèn èstri ingkang ical wau, rumaosipun tumut dhatêng satunggaling jêjaka ingkang bagus sangêt warninipun, sarta griyanipun asri lan endah sangêt. Gumunipun, dene manggèn ing griya ingkang sakalangkung sae, namung kuciwanipun sakêdhik, dene wontênipun ing ngriku wau, kajagi kêncêng, botên kenging mêdal saking griya. Ingkang anjagi wau sadaya tiyang èstri tur sae-sae warninipun. Malah yèn piyambakipun nuju nglongok ing jandhela, sumêrêp tiyang pating blulung, lan nate sumêrêp sanakipun punapa. Nanging sarêng badhe aruh-aruh, enggal dipun cêgah dening ingkang jagi, sarta lajêng kapurih mlêbêt.

Nuju satunggaling dalu, ngajêngakên wanci têngah dalu, têtiyang ingkang sami jagi wau lena, sami tilêm sadaya. Sarêng sumêrêp bilih ingkang jagi sami tilêm, enggal ambikak kori kanthi ngatos-atos sangêt, sampun ngantos kêmirêngan ingkang jagi. Kori sagêd mênga, tanpa wontên tiyang ingkang mirêng, nuntên mêdal. Kadospunapa kagèt tuwin ajrihipun, sabab sarêng nolih, griya agêng ingkang magrong-magrong wau ical sipatipun, ingkang katingal namung ara-ara sapinggiring lèpèn. Saking ajrihipun, nuntên malajêng, mantuk dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun.

Kacariyos, saicalipun pangantèn wau, tiyang sêpuhipun susah sangêt, sabab anakipun namung satunggal thil punika. Dumuginipun punika, kalêrês sampun kawan dasa dintên, malah sontênipun wau mêntas wilujêngan ngawan dasa dintên anakipun ingkang kasarap baya wau. Sarêng dalu, watawis têngah dalu, wontên tiyang gugah-gugah. Enggal dipun sapa, ngakên anakipun èstri ingkang mêntas dados pangantèn. Bapakipun saya ajrih, botên purun ngêngakakên kori. Nanging sarèhning anggènipun nêdha kori wau ngasih-asih sangêt, dangu-dangu bapakipun wêlas, kori lajêng kabikak, lare èstri wau enggal lumêbêt. Bapakipun sumêrêp, yèn nyata anakipun, nuntên dipun rangkul, sami tangis-tangisan. Êmbokipun kagèt, lajêng tangi. Tôngga-tôngga ingkang mirêng sami dhatêng ngrubung. Sarêng sampun sami lilih, sami lênggah. Lare èstri nyariyosakên sadaya lêlampahanipun, botên wontên ingkang kêlangkungan. Ingkang mirêngakên sami muji sukur dhatêng Pangeran, dene sagêd wangsul mantuk, sarta sami gumun, mirêng kaelokan ingkang kados makatên wau.

Lêlampahan wau lajêng dados pangèngêt-èngêt ngantos sapriki, yèn tiyang kilèn banawi, botên purun bêbesanan kalihan tiyang wetan banawi. Ingkang makatên wau botên ngêmungakên têtiyang ingkang cêlak banawi kemawon, nanging nglanjak ngantos têbih. Jalaran manut piandêlipun, pangantèn botên kenging nglangkungi banawi Silugôngga, ing sadèrèngipun salapan dintên saking anggènipun dados pangantèn.

Upami wontên ingkang kapêksa, sami mawi ihtiyar: [ihti...]

--- 1365 ---

[...yar:] I. Tumrap tiyang ingkang ringkih, dhawahing damêl nglêmpak dados satunggal, II. Tumrap ingkang birawa, lampahing pangantèn mubêng, nglangkungi Dêmak, Purwadadi, Blora, Rêmbang. Makatên wau sumrambah ing salaladan Pathi.

Alun-alun ing Juwana sagêd mumbul.

Sabên rêndhêng ing Juwana mêsthi kêbênan, botên ngêmungakên pasabinan kemawon ingkang katrajang, malah dumugi pakampungan punapa. Kala rumiyin nate bêna agêng sangêt, têtiyang ingkang griyanipun kêbênan, kathah ingkang sami ngili dhatêng alun-alun, sami angsal cadhong. Wiwit kina mila alun-alun Juwana botên nate kêbênan, sanajan bêna agênga kados punapa. Ingkang makatên wau manut gotèk ing ngriku, yèn sangandhaping alun-alun ing Juwana, kadhatonipun ratuning baya, mila yèn bêna lajêng kaumbulakên. Sapunika wringin kurung.

Tumrap tiyang ing ngriku, manawi badhe nyapih anakipun ingkang taksih nêsêp, wontên ingkang lajêng kabêkta dhatêng alun-alun, sirahipun lare wau katatabakên wringin kurung ing iringan lèr, sarana ngucap punapa pikajêngipun. Limrahipun milih dintên Jumuwah, jam kalih wêlas siyang.

K. 4088, Boen. Sêmarang

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 3661 ing Purwakêr.Purwakêrta. Kula aturi sarêmbag kalihan priyantun ingkang nomêr lênggananipun panjênêngan gêntosi. Ing Bale Pustaka nomêr punika sampun têlas.

Lêngganan nomêr 488 ing Prambanan. Tumram kuwartal 4 taun punika sakuwartal 1 taun ngajêng.

Lêngganan nomêr 605 ing Sala. Kajawèn nomêr 80 dumugi 83 ingkang panjênêngan tampi kantun, punika kula aturi maringakên dhatêng mitra darma panjênêngan, ingkang dèrèng dados lêngganan.

[Iklan]

--- 1366 ---

Bab Nama-namaning Akik tuwin Dêdongenganipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 86

Jalaran wontêning cariyos, akik ingkang kawastanan tirus, ingkang limrahipun kawartosakên, kenging kangge ngusadani tiyang sakit bêntèr, utawi kêpêrang ing barang landhêp, punika kacariyos asli saking tiganing pêksi tirus, ingkang gêsang wontên ing tanah Ngarab. Wondene akik widuri ingkang sajati, kados ingkang kacariyos, kenging kaangge tumbaling durjana, utawi ngiyatakên napas, punika pinanggih ing dêdongengan, asli tuwuh wontên ing salêbêting ulam loh. Malah wontên akik ingkang kawastanan mirah dêlima, punika pinanggih ing cacriyosan warni-warni. Wontên ingkang nyariyosakên, lugu mêdal saking uwohing dêlima, ingkang dados pratôndha ubayaning putri Ngajrak (Dèwi Kuraisin).

Wontên malih ingkang wêwarah: Asli saking gêmpilaning lintang Jaka Bèlèk. Lan ing cariyos sanès, wontên ingkang andhorèngakên, bilih mirah dêlima wau aslinipun saking êluh, ingkang miyos ing socanipun Dèwi Prêtimah. Inggih punika nalika muwun, awit katilar seda ingkang rama S.W. Kangjêng Nabi Muhkhamat. Jalaran sruning wigêna kabyatan trêsna ing rama wau, kacariyos saking sêngkêling panggalih, anggèning muwun socanipun ngantos angêmu êrah, mila wijiling waspa alinang-linang abrit kados êrah. Têmahan tumètèsing waspa, lajêng mahanani wontêning mirah dêlima, ingkang kacariyos ing sapunika. Makatên mênggah dêdongenganipun.

Rèhning cariyos sadaya wau, wontêning sapunika nama kantun nampi, tuwin nalurèkakên, mila awonipun punapa, bilih sadaya punika lajêng katampi mathuk tuwin sae, awit sajatosipun para manungsa awis ingkang andungkap, mênggah kawontênaning mirah dêlima wau. Wondene mirid katrangan ingkang kantun, upami mulabukanipun makatên sayêktos inggih mèmpêr, awit ngèngêti mukjijating putri linangkung, môngka ing wêkdal punika, nama sakalangkung putêk ing panggalihipun, dahat sruning duhkita. Tur limrahing cariyos, sang dèwi wau samôngsa nuju sungkawa, têmtu adamêl rêtuning bawana.

Wontên cariyos malih, ingkang kajêngipun nama nunggil misah, kalayan dêdongenganing akik tirus, tuwin akik widuri utawi mirah dêlima, kados ingkang kacariyos ing nginggil.

Ing Kayangan Dalêpih, bawah ondêr dhistrik Tirtamaya, inggih punika siti kagungan dalêm praja Mangkunagaran, wontên pamêdaling sela akik, ingkang dumadosipun botên sarana pakartining manungsa, wondene pinanggihing wujud inggih sakalangkung elok, punapadene pamanggènipun, ugi asring anggawokakên. Kados ta: nuju-nuju pinanggihipun wau karakêt utawi wontên ing salêbêting sela ingkang atos, trêkadhang ing wanci dalu nuju ing môngsa pêtêngan, sami katingal pating karêlip. Malah elokipun anggèning kala-kala asring purun ngambang ing toya, lajêng lumampah milir utawi mudhik.

Pak Wira, Kêbumèn.

--- 1367 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Gêlaripun Tiongkok tuwin Jêpan ing paprangan sami botên nguciwani, tansah gêntos ngangsêg gêntos mundur. Kados ingkang pinanggih ing Tiongkok sisih lèr, campuhipun ingkang pêrang pinanggih langkung rame, wadya Tiongkok dipun senapatèni dening Cutèh, ingkang misuwur wantêr tuwin mumpuni dhatêng kridhanipun pêrang. Senapati wau ngangsahakên wadyanipun nêmpuh wadya Jêpan ingkang pacak baris ngantos gangsal atus mil, inggih punika baris wiwit saking Sansi dumugi pasisir. Manawi mirid wontênipun pabaraisan wau, pancèn rêkaos dipun têmpuh, dening kawontênanipun sarwa santosa. Nanging tumrap Cutèh botên badhe ulap nêmpuh kasantosaning mêngsah. Kalampahan senapati Tiongkok sagêd ngobrak-abrik pabarisan wau ing pintên-pintên panggenan, ngantos adamêl mowat-mawutipun pabarisan Jêpan. Cutèh panêmpuhipun palêncatan, ingkang lajêng sagêd damêl pêdhot-pêdhoting baris.

[Iklan]

Tandangipun senapati Tiongkok wau sagêd adamêl kandhêging ajêngipun wadya Jêpan ing Propènsi Sansi, tuwin kathah pabarisan Jêpan ingkang dipun kurung, pundi ingkang pabarisan alit dipun sirnakakên, tuwin lajêng sagêd ngajêngakên wadya Tiongkok ingkang pating prênca lajêng sagêd ngalêmpak malih, ing kalampahipun kanthi ngrisak pabarisaning mêngsah, ngantos sagêd anglangkungi watês Opèi kalihan Sansi. Kajêngipun Cutèh, pabarisan [paba...]

--- 1368 ---

[...risan] Jêpan wau badhe dipun pêcah dados kalih, murih suda kakiyatanipun.

Nanging Jêpan inggih botên kirang gêlar, panêmpuhipun mawi gêgêntosan papan, ingkang kêpêksa damêl bingungipun ingkang dipun têmpuh. Makatên ugi pundi papan ingkang kangge pacak baris tamtu wigatos, sagêd damêl karepotanipun Tiongkok.

Salajêngipun Jêpan inggih lajêng santun gêlar, gêntos nêmpuh saking kidul, badhe ngrêbat Cukwan. Sasampunipun nêmpuh ngriku lajêng ngangsêg dhatêng sisih kilèn, urut margi sêpur Cèngtai, ing ngriku lajêng anggathukakên wadya Jêpan ing kalangan sanès. Pangangkahipun Jêpan, manawi sagêd ngrêbat Niyang Cekwan, lajêng badhe sagêd manggih papan ingkang langkung prayogi kangge pacak baris. Sêdyanipun Jêpan wau inggih kasêmbadan, nanging pinanggihipun, ingkang dipun kintên dados papan ingkang langkung santosa wau malah dados papan paprangan ingkang sakalangkung rame, sapintên kêkiyatanipun Jêpan namung dipun tandhingi. Nanging dangu-dangu wadya Tiongkok ragi karoban lawan. Wusana jalaran saking sami kiyatipun wau, papaning paprangan ngantos mingsêr dhatêng sanès panggenan. Ingkang makatên wau pinanggihipun ingkang sami pêrang nama taksih ajêg, dèrèng kenging dipun wastani asor unggulipun. Tumraping Jêpan, cêtha anggèning ngrosani panêmpuhipun, nanging kosokwangsulipun, Tiongkok botên gigrig dipun têmpuh ing mêngsah ingkang kados makatên, awit santosaning barisipun, ukuran kuwawi dipun têmpuh ing mêngsah ingkang santosa.

Ing sapunika tumrap rêribêdipun ingkang sami paprangan, Tiongkok katingal sêsambatipun anggèning sarwa kêkirangan babagan pitulungan têtiyang ingkang nandhang tatu ing papan paprangan. Ing griya-griya sakit sami kêkirangan pirantos ambalêbêt tatu tuwin jampi sanès-sanèsipun. Wontêning sadhiyan jampi sapanunggilanipun, kintên-kintên namung cêkap kangge sadhiyan ing salêbêtipun kawan minggu. Saya tumraping griya-griya sakit pitulungan, pinanggih sampun kebêkan tiyang sakit, malah ngantos kêkathahên tiyangipun sakit. Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, pirantos-pirantosing têtulung ngantos sami kirang, kados ta tandhu pirantos ngusungi tiyang sakit, malah kalampahan wontên tiyang kêtaton lajêng dipun bêkta lumampah ngantos kawan dintên.

Dene tumrapipun Jêpan, ing sapunika sawêg pikiran ing bab tuwuhing têtiyang ambalela ing Mansukuo, sabên dintên tansah mindhak-mindhak kemawon, golongan wadya Tiongkok ingkang rumiyin ambiyantu dhatêng Jêpan, ing sapunika sami ambalik. Kapitadosan ing bab ambelani Jepan samôngsa dipun têmpuh saking Ruslan, ing sapunika sampun botên wontên. Kathah wadya Mansukuo golongan Jêpan ingkang campuh wontên ing Tiongkok lèr sami têluk dhatêng mêngsah, awit ngrumaosi bilih anggèning pêpêrangan punika kalihan kulit daging piyambak, malah kathah laladan ingkang lajêng dipun rêgêm dening golongan ingkang ambalik. Mila tumrapipun Jêpan kêpêksa ngawontênakên pamanahan wigatos, ingkang prêlu kangge mêmulih kalonging kasantosan ing ngriku. Awit icaling kasantosan ing ngriku, tumraping Jêpan nama kecalan sarana ingkang kangge baku nyantosani

--- 1369 ---

paprangan ing Tiongkok.

[Iklan]

Manawi angèngêti tindaking paprangan ing sacêlakipun Nansiyang, ing sêmu namung katingal sarwa grusa-grusu tumandangipun, nanging manawi dipun wawas saèstu, sadaya sami botên tilar pangatos-atos tuwin kaprayitnan, awit kêslura-kêsluruning tindak, badhe amanggih bêbaya tuwin kasoranipun ing pêrang saèstu.

Unduripun wadya Tiongkok ingkang katêmpuh ing wadya Jêpan, katingal anggèning raos kasoran, nanging mênggah sajatosipun saking Tiongkok mangrêtos bilih kawon santosa, unduripun wau malah masangi gêlar supados ajênging wadya Jêpan wau kecalan daya. Gêlar makatên wau pancèn wontên èmpêripun, awit ajêngipun wau atêgês kados pêpindhaning nglêbêtakên dhatêng pasangan, botên sande wadya Jêpan badhe kingkêman dening calangaping wadya Tiongkok saking kanan kering.

Pancènipun, saupami gêlaripun Tiongkok wau kasêmbadan, wadya Jêpan namung kantun ngrêmêt kemawon. Nanging nyatanipun ragi malèsèd saking tangguh, wontênipun wamyawadya. Jêpan purun ngangsêg punika saking sampun sarwa mêpêki dêdamêlipun tuwin sarwa mitadosi, mila Tiongkok kêpêksa ajrih nyakêti, dening ulap dhatêng dêdamêlipun Jêpan wau.

Ing ngriku Jêpan lajêng sagêd masang bandera wontên ing têlênging pabarisan, campuhipun wadya namung kantun ing pinggir-pinggir kemawon. Kitha-kitha ingkang katrajang sami kadamêl karang-abang. Manawi miturut nalar, adêging kasantosanipun Jêpan wau sampun botên kenging dipun cakêti. Ewa samantên tumrapipun Tiongkok kadugi nyakêti, malah pepetan kalihan mêngsah punika, kaanggêp utami.

Tekadipun Tiongkok ingkang makatên wau, nandhakakên bilih panglawanipun dhatêng mêngsah punika nêdya rêrêmpon yêktos, purun angrungkêbi dumugi tapis babarpisan. Môngka manawi mirid nalar, nitik saking wontêning papan paprangan, ing pundi ingkang dipun ambah ing Jêpan, punika namung sarwa nyamari tumraping Tiongkok.

Ing sapunika sagêd katingal, bilih sawarnining tindak ing paprangan punika botên kenging tinampi lômba, wontên ingkang unduripun mawa gêlar, wontên ingkang rukêting campuh jalaran saking kêslêpêk ing wanci. Manawi makatên, kasantosan tuwin guna punika sami wontên damêlipun piyambak-piyambak.

--- 1370 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Pahargyan ing Kêbumèn

I

Garèng : Wah, têrima kasih banyak, Truk, saora-orane wong sadulur lanang, kathik mung siji, êndhil, mêsthine iya tansah eling, tansah kogêl nyang kakangane. Ana ing Kêbumèn, iya banjur eling nyang kangmase: Mendah bungahe kang mas, yèn bakyu dèn ngantèn tak olèh-olèhi bakal kulambi jumputan. Ana ing Magêlang, iya kogêl karo rakane: wah krêsanane mas, nala iki: klobot matêng, têmbako siluk. Ana ing Wanasaba: wah, kang mas tak olèh-olèhane dhèng-dhèng, êmpuk tur gurih. Nyang Purwakêrta: tempene kripik. Lho, samono sadulurku lanang siji iki, mulane tak ambalane manèh uniku ing ngarêp: trima kasih, Truk, trima kasih.

Petruk : We, hla cilaka awakku, gênahe nyêmoni Kang Garèng iki, mulih saka lêlungan aku mung anglênthung bae, tanpa nyangking olèh-olèh apa-apa. Nanging sumurupa, cara santrine jarene: mobah musiking manusa kuwi mung miturut krêsaning Pangeran, mulane iya sok kêrêp bae kalakon, wedang wis pancèn kanggo sadhiyanmu upamane, nanging yèn durung kaparêng dening Pangeran, ora kalakon koombe. Dumadakan ... dipancal kucing, banjur wutah lambah-lambah. Mêngkono uga aku nalikane ana ing Kêbumèn. Sanalika kono pikiranaku iya mak: sranthal, eling nyang kowe, sarta iya banjur tuwuh gagasanaku: Ing Kêbumèn kene kiyi sing kêsuwur jumputane, mendah kaya apa bungahe Kang Garèng, yèn bakyu tak olèh-olèhi jumputan saklambi bae. Nanging wong iya durung dadi krêsaning Pangeran, Kang Garèng, barêng aku mênyang pasar Kêbumèn, iya wis olèh jumputan sing pantês diagêm bakyu, nanging barêng arêp tak bayar, jêbul ... dhumpètku kèri nyang pondhokan. Mangkono uga kalane aku ana ing Magêlang dolan nyang pasar, wêruh klobot matêng pating glethak, têmbako siluk pating jênggunuk, sanalika iya kogêl nyang kowe, Kang Garèng, nanging barêng arêp tak dhuwiti, sêringgit, Kang Garèng, jêbul aku ana sing ngawe-awe karo tawa mangkene: môngga, priyantun, mênika nyamping, lho, sae tur luwês, patut sangêt manawi nampeyansampeyan. agêm, rêginipun namung mirah kemawon, namung saanggris, priyantun. E, wong iya durung kaparêng karo Ingkang Kuwasa, dumadakan anggonku arêp andhuwiti klobot karo [ka...]

--- 1371 ---

[...ro] têmbako siluk mau lali ...

Garèng : Wis, ora susah omong rupa-rupa, ora olèh-olèh iya ora, kathik banjur ngadpokat mêngkono. Saiki luwih bêcik banjurna dongenganamu ing bab kaanane pahargyan ing Kabupatèn Kêbumèn. Nanging sadurung-durunge kowe ambanjurake caritamu kaanane tongtonan, luwih bêcik caritakna dhisik cara-carane pista ing kono, apa cara Jawa, apa cara Lônda, apa cara kêpriye.

[Grafik]

Petruk : Wèh, mula iya brêgas bangêt, kira-kirane iya cara Lônda sing kaya ngono kuwi, Kang Garèng, sadhela-sadhela sugatane mubêng nganti pirang-pirang rambahan, sing dhisik dhewe bangsaning: sês-sêsan, srutu, sigarèt, banjur inuman, jarene warna-warna, Kang Garèng, iya: wiski sodhah, bir, limun, aer Blandhah, lan sapadhane, sauwise banjur kuwih-kuwih, iya warna-warna bangêt, ... jarene, banjur mubêng manèh: bulyon (duduh iwak) lan roti ... jarene, ensopurut, cêkak aos, sugatane pancèn iya kumplit, tur brêgas bangêt.

Garèng : Iya ora maido, Truk, saora-orane wong iya pahargyane priyayi luhur, têmtune iya ora nguciwani.

Petruk : Apa manèh yèn kowe anêksèni tandange para ladène, wah, mêsthi gumune, anggone: mlandani, sarta tandang, cikat, lan trêngginas. Para ladène kuwi dikêpalani para putri, sing agêm-agêmane padha kabèh, yaiku: nyampinge parang rusak, rasukane sutra biru, lan ing jaja ngagêm kêmbang abang sêmringah., katone mula iya sêmangêr, Kang Garèng. Sabên putri siji didhèrèkake tukang ladèn siji sing anggawa sugatane. Dene putri sing kêjibah ngladèni ing grombolane panggonaku, sajake disêpesialake, tandange pancèn iya: cikat, trêngginas, tandang, tur pancèn iya mlandani bangêt, Kang Garèng, anggêre nyêdhaki tamu, banjur tawa mangkene: Wat wil U gebruiken, Meneer? Nèk dicara Jawakake kira-kirane mangkene: panjênêngan badhe krêsa mundhut punapa, tuwan. Hla, tamune mung kèri milih bae: Limun, bir,

--- 1372 ---

wiski sodhah, lan sapadhane, putri mau banjur: siyut, mundhut saka baki sing digawa ing tukang ladèn, sarta banjur diladèkake marang tamu sing duwe pundhutan mau. Mêngkono para tamu diurut kacang diparani putri mau kanthi ditawani: Wat wil U gebruiken, Meneer ngono kuwi mau, sarta sapiturute nganti aku prasaksat sêtoplasing ora kanggo, mulane ajêg ... ora tau diêndhêgi.

Garèng : Lho, lho, lho, gênahe kowe kuwi kapiran, apa kêpriye, nèk kapiran iya salahmu dhewe, nèk-nèke lungguhmu ana ing buri bangêt, nganti ora katon, dadi paladène yèn ora wêruh nyang kowe, rak iya mèmpêr, ta.

Petruk : Nèk ora katon kuwi mula iya mèmpêr, wong aku dudu bangsane bêndara gêdhe. Nèk lungguhku mono, iya bênêr ana ing larikan kang nomêr têlu, nanging ing ngarêpku ora ana sing mêtêngi, dadi dhong-dhonge mono iya katon ngegla, lan mênjila bangêt. Nanging anggone aku dhur-dhuran diliwati mau, sababe ora liya iya sabab ... cara Lônda mau. Wong iya priyayi putri Jawa, thik kulina ngandikan cara Lônda, têmtune iya akèh rikuhe anggone arêp tawa mau, apa manèh priyayi Jawa kuwi ora bisa cara Walônda kabèh, dadi iya ora kabèh bisa anampani têtawa sing muni: Wat wil U gebruiken, Meneer, mulane sing di: Wat wil U gebruiken, sajake iya mung sing ditêpungi bae, mulane aku kêpêksa kudu sêtêngah ... pati gêni, Kang Garèng.

Gare:Garèng:. We, hla, wong kurang ajar têmênan. Anggone ngarani kuwi kathik pati gêni ...

Petruk : Hla wong tôngga têparo comak-camuk, lêgêndar-lêgêndêr, kenene mung dikon anglangsirake kalamênjinge bae, apa kuwi ora praksasat dikon pati gêni.

Garèng : Wis, wis, Truk, ana kok banjur mêtu watake sudra mêngkono, nèk wataking satriya, kuwi ora bakal ngrêmbug ing bab isining têlèh, sabab iki jênêng: asor, nistha lan saru, mulane sanadyan tumêka ing pati, yèn watak satriya mêsthi ora gêlêm ngandhakake prakara pangan kuwi.

Petruk : Ora mêngkono mungguh karêpku ngandhakake sing samono kuwi mau. Aku prêcaya lan yakin, yèn krêsane sing kagungan dalêm mêsthi sing disugatakake iku bisaa gawe bungahe para tamu kabèh, lan kiraku para tamu racake iya padha kalêgan panggalihane. Mung bae ing kene karêpku arêp ngemutake marang bangsaku kabèh, ambok aja bangêt-bangêt anggone mêndêm cara Walônda, nganti kayadene banjur sungkan migunakake basane dhewe, kuwatir yèn ora diarani: mlandani. Hla, barêng ana prêlu têmênan, sing sêsrawungan karo bangsane dhewe, banjur: kikuk, têgêse: ora lêwês.

--- 1373 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Bupati Lamongan. R.P. Moerid Tjokronegoro, patih ing Situbondo, dados bupati ing Lamongan, angsal sêsêbutan Radèn Tumênggung Panji.

Ingkang angsal prijs saking Obat Cap Macan. Kala dintên Rêbo tanggal 20 October 1937 jam 2.30 sontên sampun ambikak badhean (prijsvraag) Obat Cap Macan ing sangajênging jury. Ingkang angsal ganjaran f 100.-, inggih punika tuwan Thori, ing Passar Straat, Martapura, Palembang.

Sumbangan kadamêl dêrma. Tuwan Khoe Tjin Sèng ing Cikampèk, mêntas gadhah damêl mantu, mantokakên anakipun èstri. Ing kala punika sawarnining arta sumbangan saking para tamu tuwin sanès-sanèsipun sami dipun wadhahi ing celengan, kalêmpakipun sadaya wontên f 714.50. Arta sadaya wau ajêng dipun pasrahakên dhatêng Fonds Tiongkok kangge dêrma.

Nonah Amerika angubêngi buwana. Nonah Amerika nama Miss Hart, tumindak angubêngi buwana kalihan numpak kapal ingkang lamining kapalipun wau sampun 30 taun. Ing sapunika lampahipun dumugi ing Makasar, kapalipun dipun dandosi. Lajênging lampahipun taksih 1½ taun malih, mêdal Nieuw-Guinea tuwin Polynesie. Bidhalipun nonah wau saking Amerika.

Lampahipun Dr. Cator wontên Nieuw-Guinea. Miturut wartos, Dr. Cator, ingkang lumampah anjajah tanah Nieuw-Guinea, sampun wangsul saking laladan têngah, lampahipun sagêd pasrawungan kalihan têtiyang Papuwa ing parêdèn Zonggunu saha sagêd ambêkta tiyangipun 3. Basanipun tiyang wau beda sangêt kalihan tiyang Papuwa sanèsipun. Bab punika lajêng dipun damêlakên pratelan basa-basanipun. Pakulitanipun langkung pêthak, tuwin pawakanipun langkung agêng tinimbang tiyang Papuwa sanès-sanèsipun. Golonganipun tiyang wau namung sakêdhik, wontênipun ing dhusun sami nanêm pisang, rosan, talês tuwin pohung. Ing papan wau pinanggih wontên bangsanipun badhe pêlikan tuwin sarêm enggal.

Bangsa tiyang siti ing tanah ngriki tuwin Bangsa Tionghwa dhatêng nagari Walandi. Wontên tiyang siti ing tanah ngriki cacah 135 numpak kapal Pulu Rubiah dhatêng nagari Walandi. Têtiyang wau sami badhe katêtêpakên nyambutdamêl wontên ing kapal Boissevain, satunggaling kapal ingkang sae piyambak kangge layaran dhatêng tanah Afrika gadhahanipun K.P.M. Kapal wau benjing taun ngajêng badhe dhatêng ing tanah ngriki. Kapal ingkang ngêwrat têtiyang saking tanah ngriki wau, sadumugining Singapura ambêkta bangsa Tionghwa, ingkang ugi kangge punggawa kapal. Kapal Boissevain wau dhatêngipun ing tanah ngriki benjing ing wulan Januari taun ngajêng, dipun pangagêngi dening Kaptin Blankestein.

Saening rabuk damêlan Z.A. Wontên golongan têtiyang tani ing bawah Purwodadi, rumaos sami bingah dene pamêdaling tanêmanipun ingkang mawi dipun rabuki rabuk damêlan Z.A. pinanggih mindhak 33%. Ing bab punika ingkang wajib lajêng sarêmbag supados manawi tumbas rabuk wau sêsarêngan, pêrlunipun lajêng sagêd tumbas dhatêng pabrikipun piyambak, langkung mirah tinimbang tumbas ing toko. Malah badhe panumbasipun malih sagêd angsal sambutan arta saking kas dhusun.

Congres J.I.B. Miturut wartos, congres J.I.B. ingkang kaping XI ing taun punika badhe wontên ing Ngayogya, dhawah tanggal 23 dumugi 27 December.

[Iklan]

Nijlpaard ucul. Kala ing dintên Sênèn kêpêngkêr nijlpaard ing Kêbon-binatang Bêtawi, ucul. Kewan wau lajêng dados padosan kanthi pambiyantunipun têtiyang pakampungan, nanging mêksa botên angsal damêl. Nijlpaard wau sawêg umur sangang taun, nanging kiyat sangêt. Uculipun kewan wau jalaran saking sêmbrananipun juru anjagi, amargi kêsupèn nalika ngrêsiki kandhang botên dipun tutup lawangipun. Miturut katrangan, kewan wau sasampunipun ucul lajêng nyêmplung dhatêng lèpèn Ciliwung. Wusana sanès dintên sagêd kacêpêng malih.

Nyathêti kawontênaning lindhu. Gêgayutan kalihan wontênipun lindhu ingkang kawastanan agêng ingkang mêntas kêlampahan punika, Directeur Observatorium ing Bêtawi ngintunakên sêrat kalowongan babagan lindhu wau lumantar Pangrèhpraja, kakintunakên dhatêng sawarnining punggawa Pangrèhpraja ngantos dumugi mantri pulisi saindênging tanah ngriki. Sêrat kalowongan wau isi pitakenan warni-warni ingkang gêgayutan kalihan babagan wontênipun lindhu tuwin ugi ngêwrat pitakenan samangsa wontên lindhu malih. Kalowongan wau mawi dipun tandhatangani dening ingkang damêl.

Ewah-ewahan punggawa praja. M. Soemali Gouv. Ind. Arts ing Pakaryan Kasarasan ingkang kapindhah saking Bêtawi dhatêng Tobelo, wiwit benjing tanggal 5 November kabantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi-Wetan laminipun sawulan, kêbêwah dhatêng Residentie Arts ing Surabaya. Pêrlu sinau padamêlan wigatos babagan sêsakit lepra. M. Soewandi Wirjohardjo, analist Pakaryan Kasarasan, ingkang makili padamêlan wau, têtêp manggèn ing afdeeling laboratorium ing Surabaya.

Nanggulangi ulêr ama klapa. Sampun sawatawis dintên, R. Iskandar Landbouwconsulent ing Surakarta kanthi pambantu sawatawis sami dhatêng Ngayogyakarta pêrlu nanggulangi ulêr klapa ing bawah Bantul. Wit klapa ingkang katrajang ama wau wontên 600.000 wit, laminipun sampun kalih têngah taun. Ing sakawit ama wau dipun srantosakên dumugining mangsa jawah, kintên-kintên badhe lajêng sirna, nanging pangintên wau malèsèd. Pananggulangipun wau ngangge jampi kasêmprotakên, nanging lampahipun rêndhêt, sadintên namung sagêd angsal 300 wit. Salajêngipun karekadaya kadospundi sagêdipun tumuntên rampung.

Wêwahan punggawa praja. Wontên wartos, para pangagêng nagari sami tampi sêrat sêbaran saking Parentah. Paring sumêrêp, bilih ing taun ngajêng badhe ngindhaki cacahing punggawa praja kathah.

--- 1374 ---

Pakêmpalan Buwana. Ing Ngayogya wontên pakêmpalan enggal nama Buwana, ingkang dipun adani dening para abdidalêm Kasultanan. Nama buwana wau saking cêkakaning Budi Wadu Narendra. Kajênging pakêmpalan: a. badhe ngluhurakên panjênêngandalêm Nata tuwin anjêmbarakên kaluhurandalêm wau; b. rekajarekadaya. angajêngakên praja Ngayogyakarta. Tumraping abdidalêm ing Ngayogyakarta, tindak makatên wau nama sampun wajibipun. Dene rekadayanipun: a. para abdidalêm kêdah gadhah sêsêrêpan ingkang jêmbar; b. para anaking abdidalêm kêdah angsal pangajaran ingkang nyêkapi.

Paringdalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana. Awit saking kaparêngdalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, aparing dhatêng Sono-Budoyo awarni joli gagrag kraton ingkang kaanggêp pusaka, nama Kyai Kudus, Kyai Purbonagoro, Kyai Wimonoputro, Kyai Gêrbong tuwin Kyai Krêmun.

Ngindhakakên rêgi, kasêrêg. Pulisi ing Surabaya mêntas nindakakên papriksan dhatêng satunggiling bangsa Tionghwa dagang ing Pasar Kêmbang, jalaran ngindakakên rêgining sêmèn ingkang rumiyin namung rêgi f 1.10 dados f 1.90. Salajêngipun babagan punika dados papriksaning pulisi, kalêbêt nêrak awisan.

Palabuhan Cilacap badhe agêng malih. Ingajêng nalika taksih jaman rame, para dagang agêng tuwin S.S. sami numbasi pemahan badhe kangge papan ngagêngakên pakaryan, nanging lajêng kandhêg dening jaman malèsèt. Ing sapunika wontên wartos bilih sêdya wau saèstu badhe dipun lajêngakên. Manawi saèstu kalampahan, palabuhan Cilacap tamtu badhe saya rame, amargi palabuhan ingriku punika pinanggih mapan.

Pakêmpalan P.G.I. sampun ngadêg 25 taun. Pakêmpalan P.G.I. ingkang rumiyin nama P.G.H.B. inggih punika pakêmpalaning para guru tiyang siti, ing salêbêtipun wulan November ngajêng punika badhe ngawontênakên congres ngiras mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25 taun, manggèn wontên ing Bandung. Papaning congres badhe manggèn wontên ing gêdhong Pasundan tuwin ing panadhapipandhapi. kabupatèn.

Papriksan ing Krakatau. Ir. W. Holleman tuwin Dr. M. Neumann van Padang mêntas mriksa kawontênanipun Krakatau. Pinanggihing papriksan: tumrap pulo Panjang, ingkang rumiyin wontên awu ingkang kandêlipun 3 cm. ing sapunika sampun ical babarpisan. Salajêngipun mriksa pulo Krakatau alit, ingriku namung pinanggih awu tuwin arênging sela ingkang kêbêsmi, inggiling siti pinanggih mindhak 9 m. Tanêman ingkang kala botên wontên, sagêd ugi sami pêjah ing kalanipun nuju ing taun 1935 pinanggih wontên 8 warni, ing kala punika sampun wontên blêdhosan. Tindakipun tuwan-tuwan wau ugi pêrlu nyantuni para ingkang jagi ing papan pajagèn Krakatau, tuwin pajagèn-pajagèn ing dilah manara.

Brêsih dhusun gagrag enggal. Ing kalurahan Ngagêl, Gunung Kidul, Ngayogya, mêntas ngawontênakên brêsih dhusun ingkang mawi gagrag enggal, inggih punika anggèning brêsih dhusun wau dipun sarêngi kalihan ngawontênakên tentoonstelling rajakaya, asil siti tuwin barang dêdamêlan tangan. Ingriku katingal sae saha dipun wigatosakên ingakathah.

Badhe ngawontênakên kapal kangge minggah kaji. Miturut rêmbag ingkang kagêlêngakên kala congres Muhammadiyah, pakêmpalan saèstu badhe ada-ada yasa kapal maligi badhe kasewakakên dhatêng para ingkang sami badhe minggah kaji, babadanipun badhe kadapuk kados dene vennootschap, kanthi ngawontênakên pawitan f 500.000,- kabage dados 2000 aandeel, satunggalipun rêgi f 250,-. Sintên ingkang sampun sagêd ngêsahi panumbasipun aandeel, kawênangakên kesah dhatêng Jeddah lêlahanan mlampah mantuk.

Ingsêr-ingsêran Pangrèhpraja. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan R. Soetijono, wêdana ing Kêdiri, kabupatèn tuwin paresidenan wau, dados wêdana ing Surabaya kabupatèn tuwin paresidenan wau. M. Ngabèi Soedibjo tijd. wd. wêdana ing Utêran, kabupatèn tuwin paresidenan Madiun, daosdados. wêdana ing Kêdiri, kabupatèn tuwin paresidenan wau. R. Kodratsamadikun, ugi nama R. Sastrohadinoto wêdana ing Surabaya, kabupatèn tuwin paresidenan wau, dados wêdana ing Utêran, kabupatèn tuwin paresidenan Madiun.

Majênging padanganpadagangan. ing tanah ngriki. Ing wêkdal punika kathah sangêt koprah ingkang kasimpên wontên gudhang ing Makasar, koprah wau badhe kabêkta dhatêng Eropa, nanging dèrèng wontên baita ingkang badhe ambêkta. Ing bab punika pambêktanipun koprah wau ngantos kawontênakên kapal mirunggan. Koprah wau ingkang kathah badhe kaandhapakên wontên ing Eropa sisih Kidul.

Wowohan tuwin sayuran angsal pêkên. Ing bab paniti badhe anjêmbarakên sumêbaring wowohan tuwin sayuran ing tanah ngriki dhatêng sanès panggenan pinanggih angsal damêl. Ingkang badhe purun nampèni barang-barang wau ing Hongkong. Ingkang punika, awit saking dhawuhing Parentah, ajunct-landbouw consulent tanah ngriki ingkang wontên ing Saigon dipun dhawuhi pindhah dhatêng Hongkong.

NAGARI WALANDI

Niti calon ambtenaar tanah ngriki. Wontên pawartos, Departement Jajahan sawêg nimbang supados langkung titi ing bab pamriksanipun para mahasiswa ing pamulangan luhur ing nagari Walandi, ingkang kacalonakên dados ambtenaar ing tanah ngriki. Wontênipun makatên, amargi kathah ambtenaar ingkang dumuginipun tanah ngriki taksih kêkirangan kawruh ing bab tanah ngriki, ingkang gêgandhengan kalihan pêrlunipun.

Motor mabur kangge tanah ngriki. Wontên wartos, pabrik motor mabur Aviolanda nampèni wêlingan motor mabur 18 iji, kangge kabêtahaning wadya lautan tanah ngriki. Pandamêlipun manut gagrag Dornier.

EROPA

Wadya parentah Spanyol kasoran. Papan pabarisan ing Spanyol Lèr pinanggih taksih rame anggèning pêpêrangan, nanging kawusananipun kitha Giyon kenging dipun broki ing wadyanipun Franco, saha lajêng wontên wartos bilih pangagênging paprangan ing kitha ngriku lajêng têluk, kitha Giyon lajêng dipun lêbêti wadya kabangsan. Malah wontên wartos bilih golongan wadya Asturie, lajêng anggolong dhatêng wadya kabangsan. Salajêngipun wontên wartos malih bilih wadya parentah ing Oviedo cacah 60.000 ingkang dipun kurung dening wadya kabangsan ugi lajêng têluk.

AMERIKA

Kapal pêrang enggal. Miturut wartos saking Amerika, wiwit tanggal 22 wulan punika, Amerika Sarekat miwiti damêl kapal pêrang ingkang agêngipun 36.000 ton, ingkang dipun namakakên North Carolina. Pandamêling kapal pêrang wau badhe 4 taun, waragadipun 60 yuta dollar. Dêdamêlipun mriyêm 40 cm. 9 iji. Dene taun ngajêng badhe miwiti damêl kapal pêrang sanèsipun malih.

Pêdut ingkang anggêgirisi. Miturut wartos, sampun sawatawis dintên ing laladan Inggris wontên pêdhut sakalangkung kandêl, ngantos adamêl kandhêging lampahipun sêpur tuwin autobus ing salêbêting kitha Londen. Motor mabur ingkang lêrêsipun bidhal ing wêkdal wau kêpêksa mundur, mangka motor mabur wau kangge pêrluning rêbatan lampah rikat saking Inggris dhatêng Australie.

--- 1375 ---

Wêwaosan

Pêpisahan ngantos pitung taun, sagêd pinanggih malih (dongèng)

Dening Slamêt

3

Wangsulan kula: Nami kula Tamim, asli saking nagari Madinah. Mênggah dhatêng kula punika, botên gadhah prêlu punapa-punapa, lugu namung kêblasuk. Dumugi samantên wangsulan kula, kula lajêng nyariyosakên lêlampahan wiwit sakawit dumugi wêkasan. Pandhita lajêng angampirakên kula dhatêng ing griyanipun, wontên ing ngriku lajêng sami omong-omongan.

Kula (Tamim): Anggèn panjênêngan dhêdhukuh wontên ing ngriki punika, sampun pintên taun.

Pandhita: Kirang langkung sampun wontên gangsal atusan taun.

Tamim: Prakawis panggêsangan panjênêngan, kados ta bab têtêdhan, utawi pangagêman sapiturutipun, punika saking pundi.

Pandhita: Namung trimah nêdha wowohan pawêdalipun èrèng-èrènging jurang punika, namung bab sandhang pangangge, punika angsal saking kadarmanipun para sudagar nagari Indi, ingkang sabên taun piyambakipun sami lêlayaran dhatêng mônca, ambêkta barang dêdagangan warni-warni, punika asring sami mampir ing pulo ngriku, prêlu kapanggih kula, kalihan ambêkta angsal-angsal rasukan jubah sup (badhenipun wulu) tuwin kopyah sup. Saking cariyosipun sudagar, pawèwèhipun wau, minôngka ngluwari nadaripun (kaul), sanèsipun malih sampun botên wontên. Sawêg dumugi samantên cariyosipun pandhita, katungka dhatêngipun sudagar Indi, kampir ing griyanipun pandhita, kanthi ambêkta angsal-angsal rasukan jubah tuwin kopyah kados adat sabênipun. Sasampuning dipun panggihi saha katampi angsal-angsalipun, sudagar lajêng pamitan badhe wangsul mantuk. Sudagar sawêg mêdal saking griya sarta lumampah dèrèng sapintêna têbihipun, pandhita nututi mêdal anyandhêt lampahipun sudagar, prêlu dipun bisiki makatên: Ki sanak, sampeyan napa dhangan têtulung, ambêkta tamu kula niki, sampeyan ulihake têng nagarane, amarga lêlakone dhayoh kula wau mêmêlas bangêt, mula sampeyan kula prayogakake mitulungi kalayan dhanganing manah. WasulanipunWangsulanipun. sudagar: Inggih prayogi, tamunipun mugi lajêng kadhawuhan nusul mariki kemawon, kula êntosi, badhe kula ajak bidhal mantuk tumuntên.

Enggaling cariyos, kula lajêng dipun ajak sudagar minggah dhatêng baita, wontên ing ngriku taksih sipêng sadalu, enjingipun wanci malêthèking surya ramyang-ramyang, angin ngidit antêng lan sae, baita lajêng bidhal nilar palabuhan. Kula wontên ing baita bingah lan sênêng, nyumêrêpi sêsawangan endah warni-warni ing sakiwa têngêning sagantên. Nanging sarêng lampahing baita sampun sakawan dintên, pinuju ing wanci sontên, ing ngriku baita katêmpuh ing prahara agêng, lampahing baita montang-manting botên kantênan, baita lajêng pêcah, para ingkang numpak sami ribut pados gêsang piyambak-piyambak, wusana sadaya sami kêlêm, kula (Tamim) pinaringan rahayu wilujêng sagêd mêntas ing dharatan. Kula lajêng lumampah kalih dintên, dumugi ing satunggiling panggenan kathah têtanêmanipun ingkang sami awoh ambiyêt, tuwin kathah lèpènipun pating sarèwèh, wontên ing ngriku kula anjajah ningalkiningali. kawontênanipun, wasana kula dumugi ing satunggiling nagari agêng botên kasumêrêpan watêsipun, tuwin botên mawi gapura watêsing kitha, kawontênanipun rêja lan rame, kathah griya agêng, nanging botên wontên ratu tuwin patihipun, wontên ing ngriku kula sipêng sadalu.

Kula nglajêngakên lampah malih kalih dintên, sumêrêp satunggiling guwa korinipun malongo, lajêng kula lêbêti, ing ngriku sapintên kemawon kagèt bingahing manah kula, dene nyumêrêpi kawontênan ing nglêbêtipun guwa wau, botên wujud pasir sela utawi padhas, nyatanipun isi intên barlean, tuwin mutyara lan marjan, kula lajêng mêndhêti sapurun-purun ngantos angsal kathah, ing batos wicantên: Kabênêran bangêt lakuku iki, upama praune ora pêcah, aku ora olèh kabêgjan kang kaya mangkene. Wusana ing ngriku lajêng wontên suwara elik-elik: E, e, manungsa, gawanmu sèlèhna manèh, kapan ora kok balèkake, bakal cilaka awakmu. Kula lajêng enggal mangsulakên bêktan kula intên barlean, kalihan nolèh dhatêng panggenan dununging suwara punika, jêbul ing ngriku wontên tiyang neneman lênggah mawi lèmèk pasujudan, kula lajêng nyêlak kalihan pitakèn: Panjênêngan punika sintên, wangsulanipun: Muga ampun andadèkake manah, pitakèn sampeyan botên kula wangsuli piyambak, mangke mawon èntên tiyang sing awèh katrangan, tumrap kawontênan kula lan tiyang sanès, cêkap samantên mawon wangsulan kula.

Kula (Tamim) nglajêngakên lampah malih kalih dintên, dumugi ing kraton payonipun mênga, kula lajêng malêbêt, ing ngriku wontên raja jim asmanipun Ngaflag, nuju lênggah ing kursi tosan. Kula lajêng dipun dangu makatên, kowe apa ngêlèh. Wangsulan kula: Inggih sakalangkung luwe sangêt. Raja jim lajêng nyêgah dhêdhaharan warni-warni pintên-pintên rampadan, kula lajêng nêdha ngantos tuwuk. Raja Jim tumuntên nyêlaki kula kalihan ngandika: Kowe apa kaduga nuruti panjalukku, nèk kowe saguh, aku kaduga ngulihake mênyang ngomahe bojomu. Wangsulan kula: Mênggah ingkang dados karsa panjênêngan punika punapa, kula kaprênga nyuwun sumêrêp rumiyin.

Ing ngriku Raja Jim Ngaflag, lajêng ngêdalakên mimis, sakawan iji, kalih dipun asta piyambak, ingkang kalih dipun paringakên dhatêng kula. [ku...]

--- 1376 ---

[...la.] Sasampuning mimis wau kula tampèni, kula lajêng dipun ajak mêdal kêkesahan dhatêng kraton sanès, dumugi ing ngriku, kraton wau korinipun wontên ingkang anjagi, sima agêng. Jim Ngaflag, lajêng ambalangakên mimisipun, sima kesah lumajêng anggêblas sanalika. Kula kalihan Raja Jim lajêng sami malêbêt ing kori ingkang ôngka kalih, ing nglêbêt ngriku wontên krobongan utawi kathil ingkang bêbalunganipun kajêng sana tuwin gadhing, ginêlaran lèmèk sutra manekawarni, dipun angge sare tiyang neneman ngagêm sêsupe yakut abrit katingal gumêbyar ing nginggil pasarean kalêrês mastakanipun neneman ingkang nuju sare sakeca wau kajigikajagi. ing sawêr cêmêng, ing ngandhap kalêrês sampeyanipun kajagi ing sawêr abrit.

Jim Ngaflag wicantên bisik-bisik dhatêng kula makatên: Tamim, aku arêp anjupuk ali-aline wong turu kae, nanging kowe tak wêkas dhisik, mêngko nèk aku katiwasan, kowe banjur enggal ambalanga mimismu mênyang aku sing nganti kêna, aku mêsthi banjur waluya manèh. Jim lajêng murugi dhatêng ingkang sawêg sare sakeca wontên ing kathil gadhing sumêdya badhe amêndhêt agêmipun sêsupe wau, wusana sawêr ingkang jagi ing sanginggil pasarean anyandêr lajêng nyokot, jim wau dhawah sanalika têrus pêjah kapisanan. Sasampuning katiwasan, lajêng kula balang mimis, jim wau sagêd waluya malih, saha anglajêngakên sêdyanipun anggèning badhe mêndhêt sêsupe, naning mêksa botên sagêd kalampahan, amargi dipun sandêr dening sawêr ingkang jagi ing ngandhap sampeyanipun sang binagus wau, jim dipun cokot pêjah malih sanalika. Lajêng kula balang mimis, ingkang katiwasan sagêd waluya malih. Raja Jim lajêng cariyos anglairakên bingah suka sukuring manah, têmbungipun: Tamim, awit saka kasêtyan anggonmu rumêksa têmênan marang kaslamêtanku, saiki kowe tak aku kônca sajati. Aku mêksa durung lêga atiku nèk durung klakon bisa anjupuk ali-ali kae, saiki arêp tak ambali manèh sêdyaku. Wusana sawêg thumuk-thumuk badhe anglolos sêsupe, Raja Jim Ngaflag, badanipun kobong dados awu. Kula botên sagêd mitulungi malih, jalaran mimisipun sampun têlas.

Sapêjahipun Raja Jim Ngaflag, kula lajêng wangsul mantuk dhatêng kratonipun ingkang nêmbe tiwas dados awu, dumugi ing ngriku, sapintên kagèt lan ngunguning manah kula, dening salêbêting kadhaton wau wontên putrinipun, lan sajak susah angandhut prihatos. Kula lajêng marak ing ngarsanipun, sang putri lajêng andangu makatên: Kapriye wartane Jim Ngaflag, apa wis tômpa bêbênduning Pangeran. Wangsulan kula (Tamim): Sampun, samangke jim wau sampun dados awu mathuthuk kados rêca. Sang putri midhangêt atur kula makatên wau, katingal bingah lan lêga panggalihipun, saha lajêng anglairakên pangandikanipun makatên: Muga-muga Raja Jim Ngaflag iku, ora olèh rahmat, lan ora olèh pangapura salawase. Kula lajêng matur: Mugi sampun andadosakên rênguning panggalihipun sang putri, kaparênga kula nyuwun sêsêrêpan, panjênêngan punika sintên, saha panjênêngan wontên ngriki punika mênggah mulabukanipun kadospundi.

Wangsulanipun sang putri: Muga andadèkna sumurumu,sumurupmu. aku iki putrane Raja Andalus, dene têkaku ing kene iki, sakawit mangkene: nuju sawiji dina, aku ana kaputrèn ing jêro kadhaton, lagi ambênêri dijungkati karo kangjêng ibu, dumadakan jim laknat mau nylorot saka dhuwur, aku digawa mumbul, sabanjure nganti têkan ing kene iki, nganti mêtoni loro mung kari siji. Kula mirêng pangandikanipun sang putri punika, botên kenging kula ampêt lajêng nangis sanalika. Sang putri ngantos andangu: Tamim, kêna apa kowe banjur nangis angglolo kaya ngono. Wangsulan kula: Nun inggih sasang. putri, têmênipun sarêng kula mirêng ngandikanipun sang putri punika, sakalangkung trênyuh manah kula, karaos karônta-rônta èngêt dhatêng ingkang kula tilar wontên ing griya, punapa saèstu botên kalampahan, anggèn kula gadhah sêdya badhe mantuk punika. Sang putri malah ngandikakakên bab rêkaosing lêlampahan, ing nagari jim kalihan nagari kula, punika têbih anglangut, nglangkungi pintên-pintên parêdèn, pintên-pintên sagantên wêdhi lan ara-ara, tuwin wana punapadene sagantên, botên wontên tiyang ingkang kuwawi nrajang. Pangandikanipun putri punika mêwahi sêdhihing manah kula, nanging wêkasanipun, sang putri lajêng ngarêm-arêmi, sagah madosakên ingkang sagêd ngantukakên kula dhatêng ing griya kanthi gampil.

Sang putri lajêng nimbali abdinipun jim, sarana anjêrit sora, ing ngriku lajêng wontên jim ingkang dhatêng, warninipun angajrih-ajrihi, matur makatên: Wontên karsa punapa sang putri nimbali dhatêng kula. Dhawuhipun sang putri jim wau kapundhut damêlipun, supados angantukakên kula dhatêng ing griya kula. Jim anyandikani, kula lajêng kapanggul ing pundhakipun jim, lajêng kabêkta minggah ing awang-awang lan ngambah pintên-pintên dharatan, nglangkungi sagantên kalêrês pêcahing baita ingkang kula tumpaki nalika kalihan sudagar Indi, saha pulo ingkang kula inggahi nalika mêntas kula saking sagantên, tuwin margi-margi ingkang sampun nate kula ambah.

Botên antawis dangu lampah kula kalihan jim, dumugi ing satunggiling panggenan, ing ngriku kula sumêrêp tiyang sêpuh mripatipun têngên pece, dêdêg pangadêgipun agêng inggil, cêluk-cêluk dhatêng kula, nanging botên kula rèwès, lajêng kula tilar nglajêngakên lampah malih kalih dintên, sumêrêp tiyang sêpuh ingkang pawakanipun agêng, mripatipun picak satunggal ingkang sisih têngên. Tiyang wau dipun cancang sangandhaping wit-witan, mawi tangsul rante sarta kablênggu, tiyang wau pitakèn dhatêng kula: Sampeyan niku sintên. Lan pitakèn kathah-kathah, pungkasanipun tiyang wau lajêng ambêngok, ing ngriku lajêng wontên tiyang dhatêng botên kantênan sangkanipun, tiyang sêpuh wau dipun gada tosan, lajêng ical.

Badhe kasambêtan.

--- 169 ---

No. 43, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Tas, Tulungagung. Kirimanmu Sandi pêpêthan warna têlu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Kaya-kaya wis rada lawas kowe ora ngabari bab kaslamêtanmu, lagi saiki iki. Nanging ya andadèkake bangêt bungahku, dene kowe isih eling nyang Taman Bocah.

S. Har, Surakarta. Wah, Har, sênêngku tanpa upama kokirimi potrètmu nalika kowe didadèkake Gathutkaca. Cuwa dene aku ora bisa wêruh dhewe jogèdmu lan kanca-kancamu, ayake apik têmênan. Har, potrètmu bakal daktèmplèkake ing album kanggo pangeling-eling. Sandi pêpêthan uga wis kêtampan.

As. p/a Dr. Soewarsa Têmênggungan M.N. Solo. Aku bungah bangêt kokirimi tandha katrêsnan, yaiku gambarmu, kang bakal nuli daktèmplèkake ing album kanggo sawangan. As, apa kowe saiki isih sêkolah, yèn isih, ing pamulangan apa? Salamku nyang adhimu, ya As. Wis lawas dhèwèke ora kirim layang nyang aku.

Lêngganan K. No. 643. Surakarta. Kirimanmu lêlucon wis daktampa kanthi bungah.

Oemi Kajatoen, Madiun. Andadèkake bangêt kagèt lan susahing atiku barêng kokabari, manawa kang rama wis seda. Ora krungu bab gêrahe, ujug-ujug kok wis kondur nyang jaman kêlanggêngan. Nanging aja tansah kokpikir bae, Mi, puluh-puluh wis pêsthine, oraa saiki, besuk ya dipundhut nang sing Kuwasa.

Yèn tansah kokpikir, mundhak kowe banjur lara lan banjur kapriye kang ibu.

Sri Sabarijah, Ngadisimo No. 362. D. Kediri. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku lan karanganmu uga wis kêtampan. Aja kapok ngirimi layang bu Mar, ya!

Soekartijah, Boldystr. 17. Malang. Wah, kok cuwa têmên, dene aku ora bisa milu nonton Pasar-Malêm, ya kowe bae tutugna anggonmu nonton, apa manèh saiki kowe wis tampa rapport mangka apik, dadi wis bênêre banjur sênêng-sênêng. Aku ya bungah bangêt, Ti, bijimu apik-apik, mung kari Fraaie Handwerken sing kudu kokpeng, bisaa dadi 7 besuk kwartaal ngarêp iki. Sajrone rong minggu iki kowe ngasoa sing têmênan.

S. Brato, Ngayogyakarta. Urunanmu isèn-isèn Taman Bocah wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku.

R.A. Siti Samsijah c/o R.M. Soemosoedirdjo Japara. Layangmu pitêpungan sarta isi crita bab kaananmu apadene kaanane sêdulur-sêdulurmu ing Bêtawi lan Rangkasbitung wis daktampa kanthi sênênging atiku. Wah, kok le wasis têmên, anakku anyar iki ta. Yèn maca layange, banjur kêpengin wêruh rupane, ambok iya ibumu dikirimi gambarmu, yèn bisa ya karo sêdulur-sêdulurmu. Dadi upama kowe sida sowan bu Mar, bu Mar ya têrus ngêrti yèn kowe kuwi Siti Samsijah ing Japara. Pêrkara kowe ngandêl utawa orane, yèn bu Mar iku ana tênan ora mung ethok-ethokan bae, ya mangsa bodhoa, aku wis kêsêl anggonku nêrang-nêrangake. Bangêt panrimaku, Sam, aku koktawani nyang Japara lan disêdhiyani pêlêm golèk, nanging kok cuwa, dene aku durung bisa tilik kowe. Saiki isih kêsêl êntas lêlungan nyang Kêbumèn, dadi besuk bae yèn isih pinaringan slamêt.

Soenarjo, Ngayogyakarta. Kirimanmu isèn-isèn Tamah Bocah wis kêtampan, kêtrima bangêt.

Mumpangati Srie Widoemarti, Oro-oro Ombo, Madiun. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur yèn kowe arêp mêrlokake ngirimi layang manèh lan uga arêp milu ngramèkake Taman Bocah.

S. Lantarsih c/o S. Soeroamidjojo Crani w./b Ondern Tolan, post. Pangkatan S.W.K.

AndakèkakeAndadèkake. bangêt sênêngku tampa layang pitêpungan saka kowe lan kowe arêp milu lêlumban ana ing Taman Bocah. Sadurung lan sawise bangêt panrimaku. Pambatangmu cangkriman uga bênêr kabèh. Ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Soeprapti p/a Mantri Guru 2e Inl. school Soekaraja (Banyumas). Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Ti, aja pakewuh yèn arêp milu lêlumban ing Taman Bocah. Coba gawea karangan, idhêp-idhêp kanggo sinau. Upama karanganmu ora kapacak, ya aja cilik atimu, coba gawea manèh.

Sajid Harno, Gambuhan, Baluwarti, Surakarta. Aku wis tampa layang pitêpunganmu, ora liya taktrima bangêt. Ora kêna ngirimi karangan cara Walanda, kudu cara Jawa.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

bu Mar

--- 170 ---

ULAH RAGA

[Grafik]

Bocah-bocah, padha tamatna, iki lo wujude bocah-bocah kang padha waras awake. Kêkuwatane kêna kanggo tontonan.

LÊLUCON

Wong budhêg loro

Ana wong budhêg aran Haria, duwe kanca jênênge Krama.

Karia: "Ma, kowe lagi apa?"

Krama: "Apa iya, ayo padha mancing."

Karia: "Tak arani kowe arêp mancing."

Soenarja, Kadipira

CANGKRIMAN ANÈH

A: "Ayo cangkriman, apa sing rikate ngungkuli pikiran?"

B: "Listrik ayo!"

A: "Dudu, bêdhèkane: Andhong ngglewang, kusire durung mikir, andhonge wis ngglewang."

S. Broto, Ngayogyakarta

KÊTHÈK LAN BULUS

(candhake)

Kêthèk calathu: "Iya bêcik, ananging barêng nggagapi karunge, kêthèk bangêt gumune, dene karunge mau kothong, banjur pitakon marang si bulus mangkene: "Kakang, karunge iki têka kothong, apa sababe, lan ana ing ngêndi gêdhang kang samono kèhe mau?"

Wangsulane si bulus: "Mêngko ta dhi, dakcritani. Karung iku satêmêne ngisore dakbolongi, dadi gêdhang kang dilêbokake ing karung, nrobos têrus tiba ing lêmah, kabèh êntèk takpangan. Wah enak têmênan rasane, yèn aku kèlingan, iduku kêmocor!"

Barêng kêthèk krungu kandhane si bulus iku, banjur dhêlêg-dhêlêg sadhela, ora ngêrti apa kang arêp diomongake, awit rumasa isin êntas kapusan dening si bulus.

Sawise, si kêthèk banjur muring-muring, sarta nuli arêp lunga, ananging si bulus banjur mbujuki nganggo têmbung kang manis, kêthèk diajak bali nyang omahe. Barêng wis sawatara si bulus anggone ngarih-arih, wêkasane si kêthèk nurut, apa manèh barêng krungu, kandhane bulus manawa ing omahe nyimpên yuyu pirang-pirang. Mitra loro mau banjur padha mulih nyang omahe si bulus. Satêkane ing kono, si kêthèk uga banjur mangan yuyu. Sawise mangan, awake krasa lêsu bangêt, mulane banjur nginêp ing panggonane si bulus.

Esuke si kêthèk calathu marang si bulus, mangkene: Kakang, mau bêngi aku ngimpi, yèn kowe lan aku padha mêngulon banjur wêruh wit nangka. Aya,Ayo. coba padha mrana!" Si bulus lan kêthèk nuli barêng-barêng nggolèki wit nangka. Karo lumaku mitra loro mau padha omong-omongan.

Pitakone si kêthèk: "Apa ta bedane nangka tuwa karo nangka kang isih ênom, kang bulus?"

Barêng si bulus krungu pitakone si kêthèk iku, banjur thukul panêmune mangkene: "O, si kêthèk iki, mêsthi arêp ngapusi aku manèh!" Si bulus nuli mangsuli mangkene: "Bedane nangka kang tuwa lan nangka kang ênom iku gampang bisane wêruh, yèn diêpuk-êpuk unine plêk, plêk! mêsthi nangka tuwa, nanging yèn unine pluk, pluk! ora kliru manèh, mêsthi isih ênom."

Kêthèk calathu karo mèsêm: "O mêngkono, pamriksane nangka iku, saiki aku wis ngêrti."

Karo omong-omong mitra loro mau ora suwe têkan ing panggonan wit nangka. Si Kêthèk enggal-enggal nuli mènèk, karo ing batin mikir mangkene: "Aja kokira, aku bakal mêthik nangka matêng takwèhke kowe, e bulus. Tumrap rupamu wis cukup sing ênom bae." Barêng têkan ing dhuwur nuli ngêpuk-êpuk sawijining nangka: pluk! pluk! unine, banjur ditibakake, karo nggrundhêng:nggrundêl. Na iki: Kowe, saiki aku dhewe golèk sing tuwa matêng.

Ana candhake

DONGA KÊDUL

Ana wong desa jênênge Pak Rêksadrana. Ing kono omahe katon rame. Wong pating Sliwêr, pating brêngok. Sing padha rewang lanang wadon, tuwa ênom, gêdhe cilik sapirang-pirang. Sajatine pak Rêksadrana duwe gawe slamêtan, nylamêti anake, diarah bisane mêngko sore rampung.

Barêng wis sore suwarane ing jêro omah ora pati rame, mrêtandhani nèk wis rampung anggone padha olah-olah. Wiwit jam nêm sore pak Rêksa wis ulêm-ulêm tangga têparone dikon kêndhurèn. Kira-kira jam sêtêngah pitu sing diulêmi wis padha têka kabèh. Pak Rêksa lingak-linguk sajak ana sing digolèki, cêlathune marang bature: "Din, kaume, kok ora ana katon, coba susulên."

Sidin mangkat nusul pak kaum. Ora lêt suwe bali, calathune: "Mênika wau pak kaum sampun mangkat, nanging cilaka, wontên ing margi kasangsaran kêtunjang pit. Sapunika kapurih mamitakên."

Sawise rampung anggone kandhan karo bature, pak Rêksa têrus mênyang pêndhapa linggih sila karo cêlathu: Nuwun, kula kêparênga matur sakêdhik, sarèhning sampun wancinipun, angkah kula badhe kula wiwiti, nanging kawuningana, pak kaum nyuwun pamit, amargi wontên pambêngan. Sapunika kula nyuwun pamrayogi lajêng kados pundi?"

Sing padha ngêpung mak cêp mênêng kabèh, ora suwe ana wong kumêcap, karan pak Mulus: "Kaumipun botên wontên, saupami kula kados pundi.

AndhongaAndonga. kula inggih sagêd, nanging bontên gumrêmêng kados pak kaum, namung kula batin kemawon."

Pak Rêksa: "Hla mangke ingkang ngamini kados pundi?"

Pak Mulus: "Prakawis amin gampil. Donga kula punika nama kêdul, têgêsipun makatên: mangke kula kudhung sarung, sadaya kêdah ingkang mulat, manawi tangan kula ndudul manginggil mak dul, sadaya kêdah mungêl amin."

Pak Rêksa manthuk-manthuk karo mangsuli alon: Inggih, sapunika dipun wiwiti."

Pak Mulus banjur cucul sarung dikrukupake awake sakojur nganti sirahe ora katon. Kabèh sing ngêpung padha cingak sêmu gumuyu wêruh solahe pak donga kêdul mau. Sajatine pak Mulus kuwi ora bisa ndonga, mung dhèwèke sumêlang manawa slamêtane diwurungake, mangka wis kumêcêr bangêt karo brêkatane.

Kocapa pak Mulus ora sranta banjur ndudul sêru bangêt mandhuwur, mak dul. Sing padha ngêpung muni barêng: "Amin."

Pak Mulus rumasa digugu karêpe nganti kêsênêngan anggone ndudul, dul, dul.

Sing padha ngêpung muni barêng: "Amin, amin."

Dul, dul, dul. Sing padha ngêpung: "Amin, amin, amin."

Mangkono sabanjure nganti bubaran.

S. Har.

TIKUS LAN KODHOK

Ana tikus bêrit siji ana sapinggiring rawa. Ing rawa kono panggonan kodhok. Kodhok mau sok munggah ing dharatan golèk cacing. Anuju sawijining dina, kodhok sênêng atine ngorèk sêru, kalane iku sakèhe manuk kang padha muni kêpêksa mênêng, awit ora kêduga bangêt krungu suwarane kang kliwat mbrêbêgi. Ewadene pangrasane si kodhok, sakèhe kang kêdunungan nyawa, dianggêp padha sênêng ngrungokake pangorèke, mulane saya disêrok-sêrokake. Kaya mêngkono iku upamane wong edan, kang tansah nggrênêngi wong kang padha mênêng bae, ewadene têrkadhang ana wong gêmblung kang dhêmên ngrungokake wong edan. Tikus bêrit sênêng bangêt ngrungokake pangorèke kodhok, banjur alêlewa, pacak gulu lan buntute disolahake minangka pratandhaning bungah. Kodhok bangêt mongkoging ati, awit sumurup yèn dialêm dening tikus, wasana kodhok lan tikus padha mêmitran.

Anuju sawiji dina tikus calathu marang kodhok, têmbunge: "Aku sok duwe pamikir kêpengin rêrasan kambi kowe, nanging ora tumindak yèn aku ngundanga kowe, marga padununganmu ana sajroning banyu, sanajan takuwuha dikaya apa, mêsthi ora krungu, lan manèh aku ora wêruh ana ing têmbing êndi pêrnahe panggonanmu, kajaba saka mangkono aku ora bêtah yèn ngambah banyu nganti suwe. Sarèhne sok bangêt kêpenginku têtêmon karo kowe, nganti aku ngupaya akal. Durung suwe aku nêmu tampar rami, dawane nyukupi, yèn kowe ngira bêcik tampar iku kang sasisih bakal taktalèkake ing sikilmu, manawa aku arêp têtêmon lan kowe, tampar dakdhêdhêti, mêsthi kowe banjur sumurup yèn aku arêp gunêman apa-apa.

Kodhok manut ing rêmbuge tikus, angancani mêngkono iku kalakon, ing sabên-sabên tikus lan kodhok bisa têtêmon, nanging wêkasan mêsakake bangêt, marga tikus kêcilakan disambêr manuk bidho. Kalane bidho nggondhol mabur marang tikus, bangêt eraming ati dene sikile tikus katalenan ing tampar rami sarta ana kodhok lêmu siji katut saka sajroning banyu geyang-geyong. Manuk bidho ora kasuwèn mêmikir, ciptane mung nêmu kabêgjan, tikus lan kodhok banjur dimangsa. Dadi patine kodhok lan tikus padha cilaka bangêt, kang mung jalaran anggone mêmitran karo sato kang seje pasaban.

Adie Soemini, PamaragaPanaraga.

--- 172 ---

KASANGA

Ing jaman kuna ing tanah Jawa kene ana sawijining tanah kêrajan kang gêdhe bangêt, aran Mêndhang Kamulan. Ratu kang ngêrèh praja mau durung kagungan garwa. Anuju sawijining dina panjênêngane Sang Ratu tindak pêrlu amriksani kaanan ing desa-desa lan kutha-kutha kang uga dipanguwasani Sang Ratu. Ana ing desa Gompèl Payung, Sang Ratu pinanggih sawijining warandha mlarat, kang duwe anak wadon, mung siji sarta ayu rupane.

Bocah wadon mau nuli dipundhut garwa dening Sang Ratu, ananging ora ana wong sing ngêrti, manawa pangantène kakung mau Sang Ratu ing Mêndhang Kamulan. Sawise Sang Ratu dhaup karo wanita ayu, nanging mlarat, mau, nuli kondur mênyang kêdhaton ing Mêndhang Kamulan.

Kacarita ing ngarêp amaheomahe. bok randha ana lumbung cilik, ananging isine pari ya mung sathithik, awit dhèwèke wong mlarat bangêt. Anuju sawijining dina bok randha ngêngakake kariningkorining. lumbung. Bangêt gumune sarta bungahing atine, barêng wêruh, manawa lumbung mau kêbak pari. Tangga-tanggane padha diundangi supaya padha andhêlokandêlok. ing jêro lumbung. Satêkane ing kono padha kagèt lan bêngok-bêngok sarta padha enggal mêtu ing jaba, awit padha wêruh ula gêdhe bangêt, nglêkêr ing dhuwur pari. Kabar mau sadhela bae wis kêwêntar ing sadesa, manawa ana ula gêdhe kêtêmu ana ing lumbunge bok Kasihan, yaiku arane bok randha.

Wonge lanang padha anggawani pênthung pêrlu kanggo matèni kewan kang ambêbayani mau.

Ananging andadèkake bangêt gumune wong-wong mau, barêng krungu suwaraning kewan kaya calathuning manungsa mangkene: "E ngati-ati, manungsa, aku aja kokpatèni, aku iki putrane Sang Ratu. Yèn kowe padha munasika awakku, bakal nêmu bilai dhewe."

Wong-wong ing desa Gompêl Payung saya wêdi, sanajan ora kuwatir, yèn ula mau bakal matèni. Kabare, ing bab ing desane bok Kasihan ana ulan kang bisa calathu, lan ngaku putraning Ratu, wis kondhang ing desa-desa liya. Wong-wong saka desa-desa adoh padha têka pêrlu andêlok ula lan padha anggawa sajèn.

Ora antara lawas ula mau pangkat mênyang kutha karajane ingkang rama, kaya kandhane dhewe, pêrlu sowan sarta ngaturake sêmbah pangabêkti. Lakuning ula mau diiring ing wong akèh kang padha anggawa tambur, suling, gong lan liya-liyane. Sadalan-dalan unining gamêlan tanpa kêndhat agawe asrining arak-arakan mau. Ing kutha-kutha lan desa-desa kang kêliwatan wonge padha mêtu ndêlok arak-arakan kang anèh iki. Sawênèh ana kang andhisiki nyêgat ing kutha cêdhak Mêndhang Kamulan pêrlu ngabari nyang pawongan ing kono bab têkane ula kang ngaku putrane Sang Ratu.

Wêkasane kabar mau kamirêngan dening Sang Ratu. Panjênêngane uga bangêt ing gumune, manawa ana ula gêdhe arêp sowan ing ngarsane sarta ngaku putrane.

Satêmêne panjênêngane Sang Ratu uga rada ajrih lan kêrsane supaya ula mau enggal bisaa lunga saka kêrajan Mêndhang Kamulan.

Sang Ratu arêp ambalèkake ula mau, ora mêntala sarta ajrih, mulane banjur pados akal. DayohDhayoh. kang lagi têka mau bakal ditampa kanthi hurmat supaya salawase ora bakal sowan manèh. Sang Ratu dhawuh tata-tata sapêrluane kabèh, kaya arêp nampani dhayoh agung, dhayoh Ratu saka kêrajan liya kang dadi mitra darmane Sang Ratu ing Mêndhang Kamulan. Kabèh prajurit kadhawuhan baris ing aloon-aloon,alun-alun. dene para pangêdheningpanggêdhening. wadyabala kadhawuhan mênganggo gêdhèn.

Barêng ula mau têkan ing kutha kêrajan Mêndhang Kamulan anjujug mênyang alun-alun. Satêkane ing kono, kapêthukake dening utusane Sang Ratu, lan takon, apa kang dadi pêrlune. Wangsulane ula mau, ora liya têkane ing kono pêrlu ngadhêp ingkang rama lan ngaturake pangabêkti. Rumasane salawas-lawase dadi putrane têka durung tau ngadhêp, mula saiki dipêrlokake. Ula nuli diirid mênyang ngarsane Sang Ratu. Sawise ngaturake sêmbah pangabêkti, nuli nyaritakake lêlakone kabèh.

Kanthi sabar Sang Ratu mirêngake critane ula mau nanging rumasa lingsêm bangêt karo kawulane kabèh. Sang Ratu banjur pados akal, supaya aja nganti gawe sêrik kewan mau lan uga aja nganti sowan ing sajêroning kêdhaton.

Pangandikane mênyang ula mau: "O, ya, sêmbah pangabêktimu daktampa kanthi bungah. Yèn pancèn nyata, apa sing dadi kandhamu, kowe nyata anakku ya kowe nuruta dhawuhku."

Wangsulane si ula: "O, sandika panjênêngan namung kantun dhawuh kemawon, sadaya badhe kawula lampahi kanthi rilaning manah kawula.

Ana candhake.

BATANGAN CANGKRIMAN KANG KATULIS NALIKA TANGGAL 9 OCTOBER 1937

No. I Jam.

No. II Jaran, kapal, lapak.

No. III Longan.

CANGKRIMAN ANYAR

Bapak pucung

Wontên pandung lêlima kathahe pandung

Kandhêg kang têtiga

Sigra majêng kang kêkalih

Sarêng musna si pandung kari anggana.