Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 2 : 71 ---

108. PocungTeks asli: Pugung.

1. Gantya wau ki êmpu ingkang kajujug | Ki Anom Mantaram | anèng Bêsalèn nunggoni | para wadu kang samya anambutkarya ||

2. Miyat lamun ki modin ambêkta tamu | gupuh ingandikan | wus pinarak nèng pandhapi | Kyai Anom langkung sukanirèng driya ||

3. Wicara rum padha saka ngêndi kulup | ngênthêng-anthêng prapta | kang liningan matur aris | saking pêkên angatêrakên pun kakang ||

4. Mas Cêbolang kala wau tumbas dhuwung | lêrês taksih wêtah | tanya tangguh dhapurnèki | kula kirang têrang mila lajêng sowan ||

5. Dhuwung sampun katur gya ingunus gupuh | dangu tiningalan | iki tangguh Majapait | dhapur Bêthok êmpune Ki Jaka Sura ||

6. Seje catur bangêt (ng)gonku ngayun-ayun | modin tamunira | kampire ing wisma-mami | babasane iki ta kapasangyoga ||

7. Modin matur sadèrènge tumbas dhuwung | manut manah kula | adrêng badhe sowan kyai | kula wêdharakên pun kakang Cêbolang ||

8. Têka dhaup inggih makatên ing kayun | mawi kawêwahan | tumbas curiga puniki | mila tandya angênêr sowan paduka ||

9. Kyai Anom aparentah marang wadu | wedang lan nyamikan | paudutan lan tapsirih | ladèkêna kalawan sira tutura ||

10. Marang nyai sadhiya mangan lan tamu | kang sinung ling sigra | mring gandhok pinanggih nyai | wus samêkta sunggata lumadyèng ngarsa ||

11. Kyai wisma nyarakkên sunggatanipun | lah anak sumangga | sawontênipun sinambi | kang sinung ling rahap rêsêping wardaya ||

12. Kèndêl bêdhug panataning nadhah sampun | angaturi wikan | ki wisma wacana aris | (m)bok andika (n)dadak nyadhiyani nêdha ||

--- 2 : 72 ---

13. Rèh wus wanci prayogine sami kêmbul | ki modin Cêbolang | lawan rencang catur santri | sampun kerid marang gandhok ingkang wetan ||

14. Wus tuturuh dènnira nadhah pikantuk | ambêng cinarikan | Cêbolang sajroning bukti | kang ginagas tan liyan amung curiga ||

15. Anak bagus mangke sontên mawon mantuk | ki modin turira | kula kewala rumiyin | kalilana mantuk awit wontên karya ||

16. Cêbolang ling padha dhèrèkna sadarum | pan ingong priyangga | kang kèri ngadhêp kiyai | wus kalilan kantun Cêbolang kewala ||

17. Lon umatur wontêna barkah pikulun | paring sasêrêpan | wijang-wijangipun nami | bab curiga dhapur tuwin sasikutan ||

18. Kyai Anom mèsêm angandika arum | èh anak majua | diparêk kalawan nami | wusnya maju Ki Anom amêdhar sabda ||

19. Ngasta dhuwung rinucat parabotipun | anak piyarsakna | sakawit kang aran pêsi | kang dumunung anèng bongkoting curiga ||

20. Kurang luwih gêdhene sajênthik amung | dawane satêbah | utawane patang nyari | iku ingkang kaanjingan ing landheyan ||

21. Yèn wus gênting utawa kabanjur putus | mangka sinambungan | apadene disusuli | klêbu cacat iku ingaran srumbungan ||

22. Ganja iku uga nèng pungkasan (n)duwur | manjing pêsi ika | mathis lan wilahing kêris | ana ingkang iras utawa susulan ||

23. De wujude ana papat warna kulup | kang aran tinatah | katumrapan intên rukmi | pinêtha lung myang pinetha gajah singa ||

24. Ganja sêkar nglela katon pamoripun | dhuwur kering kanan | ganja maskumambang kaki | ingkang nganggo pamor mung (n)duwur kewala ||

25. Ganja wulung balêjêd waja sadarum | tan mawi tinatah | miwah pamor nora mawi | de dhapure ganja ana sangang warna ||

26. Sêbit-rotan sawiji kaol rannipun | iya sêbit rontal | kadi panjalin sinêbit | kaya roning tal sinêbitêna uga ||

27. Dwi wandaning cêcak wus ngaranni iku | tri têkèk wandanya |

--- 2 : 73 ---

kacature ucêng-mati | panca nyangkêm-kodhok sad dhungkul namanya ||

28. Sapta wêlut astha kêlap-lintah iku | kêlawane sêpang | tanpa sirah ngarêp (m)buri | dawa padha têrkadhang dawa kang ngarsa ||

29. Wilah lamun nganggo mas sasamènipun | aranne sarasah | lamun tanpa pamor kaki | iya iku kang aran pangawak waja ||

30. Gandhik iku dumunung nèng ngisoripun | sirahing kang ganja | kayadene punang gandhik | lambe gajah anèng gandhik duningira ||

31. Warninipun lir lambening gathu muthu | jalèn dunungira | anèng pungkasaning gandhik | lir angkuping jagung jali warnanira ||

32. Kadhang ana (n)dhuwur kadhang nèng jronipun | kang ran sêkar-kacang | de kêmbang-kacang puniki | dumunung ing ngandhaping gandhik warnanya ||

33. Anylêkunthêng tumêka sangandhapipun | ing lambening gajah | kang ran jenggot dunungnèki | nèng bongkoting kêmbang-kacang dhapur lir dha ||§ Aksara Jawi: / [dha] /.

34. Kang ingaran pejetan dumunungipun | wuri gandhik ika | de kang aran tikêlalis | dunungipun anèng ngisoring pejetan ||

35. Kang ingaran sogokan dumunungipun | madyaning sor-soran | ngalèn nganan ngering ngarsi | kang ing bongkot apan bungkul wastanira ||

36. Lamun bundêr ingaran bawang-sabungkul | kang aran sraweyan | nèng ngisoring ganja wuri | dhapur kadi gusèning wuri sogokan ||

--- 2 : 74 ---

109. Pangkur

1. Kang ingaran êri pandhan | mêthit ganja nèng ngandhap dunungnèki | lir sirah êma§ Bokmanawi aksara Jawi: / [ma] /. puniku | thingil ngandhap ri-pandhan | grènèng uga nèng ngandhap ri-pandhan iku | dhapur kadi aksara dha§ Aksara Jawi: / [dha] /. | tumurun rupane sami ||

2. Kang ingaran ada-ada | kang dumunung ing têngah bênêr kêris | ing sor-soran têkèng pucuk | dhapure kadi sada | gusèn iku pinggir wilah dunungipun | ing wuri miwah ing ngarsa | saking sor-soran witnèki ||

3. Nganti mèh tumêkèng pucak | de kang aran kruwingan dunungnèki | nèng ngarsa myang wingkingipun | kang aran ada-ada | jroning gusèn lêkok wrata wujudipun | wit sorsoran têkèng pucak | dene ingkang aran êlis ||

4. Dumunung ana ing ngarsa | utawane dumunung anèng wuri | wujud lêkok wiyaripun | kurang luwih sasada | amung iku riricikane kang dhuwung | Cêbolang aris turira | pamor punika kang pundi ||

5. Iku ingkang anèng ganja | anèng wilah wujude gilap putih | lamun kurang putihipun | pamor bugis rannira | pan pinindha-pindha utawa dhinapur | kang aran wêngkon punika | mung saêlêr turut pinggir ||

6. Pamor adêg dalah têngah | miwah pinggir lir wêngkon patrapnèki | rambut-paradhah puniku | lir adêg nanging enggak | simbarpucang kaya adêg isthanipun | nanging mangering manganan | rawe-rawe amantêsi ||

7. Balarak-wirit winarna | lir balarak masih nèng bongkotnèki | ron dhuru kadi ron dhuru | ran walang-sinundukan | kayadene walang rinèntèng puniku | kêmbang-lampês kêmbang-pala | warnane iku pinirid ||

8. Gêndhagan kadi bathikan | kang ingaran gêndhagan iku sami |

--- 2 : 75 ---

de pamor-tambal puniku | apinggir winêngkonan | wit sorsoran tumêkanira ing pucuk | sadalêmok mawi sêkar | sadalêmok datan mawi ||

9. Bênang-satugêl lir tambal | kacèke mung tan nganggo dènwêngkoni | pamor tigang warna iku | adêg bêbakunira | nanging wuwuh pamor rong warna puniku | dadi ana têlung rupa | bêras-wutah kang winarni ||

10. Pamor tan nganggo dènarah | kadi (ng)gyanning bêras kang kocar-kacir | ing sawêtu-wêtunipun | kang èdi winêngkonan | wêtuning kang kabèh pamor kang dumunung | nèng kêris tanapi ganja | puniku kudu tinitik ||

11. Ana kang karya cilaka | ana ingkang luhung ambasukèni | ana kang (n)jalari luhur | nambahi kawantêran | mlêpês ing tyas ana amburêngkên kalbu | nanging arang kang uninga | tranging pamor waja wêsi ||

12. Iku tan sawiyah janma | bisa nitik awon lan pênêtnèki | dumunung janma linuhung | kang putus waskithèng tyas | maring wêsi pamor lawan waja iku | nora susah myat kang warna | cinritakkên bae bangkit ||

13. Angarani bêcik ala | tangguh dhapur datan mindho-gawèni | kulup sêlot-sêlotipun | winantu ing idayat | Mas Cêbolang matur wontên pamor mrambut | gajih lawon pamor sanak | myang barodhol kadi pundi ||

14. Kang ran mrambut kawruhana | patrap miring lêmbut wêtunirèki | gajih jêmblok wujudipun | patrape amalumah | pamor sanak sambêt-sambêtan mandhukul | de barodhol pamor ingkang | nyahak pucuk lawan pinggir ||

15. Ingkang winastan sikutan | tuwin tangguh punika ingkang pundi | kulup sikutan puniku | lalaguning garapan | lawan wanda ulat-ulataning dhuwung | tangguh iku kira-kira | awit sikutan pinirid ||

16. Nitik pamor wêsi waja | ingkang pêrlu tabêri ninitèni | èstu yèn widagdèng tangguh | sarèhning kira-kira | kadhang nyamlêng tarkadhang kirane luput | iki waton kawujudan | kang wus

--- 2 : 76 ---

ulun uningani ||

17. Kang tinangguh Pajajaran | sasikutan kaku dhasare garing | pamor ing sawêtunipun | tancêp pandhês alêmbat | tangguh Majapait wingit sêmunipun | parigêl lumêr kang dhasar | garing biru sawatawis ||

18. Pamor tancêp pandhês ngawat | mangkya tangguh Blambangan kang winarni | dhèmês pasikutanipun | wêsi tlês sawatara | pamor gajih nanging pandhês tancêpipun | tangguh Sidayu gumantya | sikutan dhèmês sakêdhik ||

19. Wêsi têlês kurang gwaya | pamor kurang kumambang tancêpnèki | tangguh ing Tuban winuwus | sêdhêng kang pasikutan | wêsi gangsing pamor mandhês mungal patut | tangguh ing Sêndhang sikutan | wagu têlês punang wêsi ||

20. Pamore iku kumambang | tangguh Dêmak sikutanipun wingit | wêsine têlês puniku | pamorira kumambang | tangguh Pajang kêmba pasikutanipun | odhol gangsing wêsinira | pamor tan dènupakardi ||

21. Sawêdalira priyangga | dene tangguh Koripan dènwastani | sikutan kêmba tan sêmu | mung gangsing wêsinira | pamor adêg kang akèh sanak puniku | kalamun tangguh Madura | sikutan dhèmês mantêsi ||

22. Wêsi kêngkêng matêng ladak | pamor mungal akèh ingkang anggalih | kêras landhêp grayangipun | tan watak kurang sêpuh | para tugêl lamun tinêmpuh pakewuh | yèn tangguh ing Ngèksiganda | iya ing samangke iki ||

23. Iku ana loro rupa | ing Mataram Senapati winarni | sikutan prigêl srêng bagus | wêsi biru sêmunya | garing alus pamor pandhês tancêpipun | angawat kêncêng tur kêras | tan ana kang nguciwani ||

24. Karsa dalêm sri narendra | yèn iyasa wangkingan kaya iki | dhuwung wus tinampèn gupuh | kalawan Mas Cêbolang | tiningalan sasikutan dhèmês bagus | amung wêsi radi mêntah | pamor kathah mubyar putih ||

--- 2 : 77 ---

25. Tamat dènnira mariksa | katur wangsul Cêbolang matur aris | mênggah kang winastan dhapur | sintên ingkang iyasa | punapa (ng)gih kala awit-awitipun | ingkang iyasa curiga | dhapurnya wus dènpêpaki ||

26. Tuwin sintên ingkang (ng)garap | Kyai Anom mèsêm wacana aris | anak pitakonmu iku | dakjujug nalikanya | jumênênge risang Dhêstharastra Prabu | binathara ing Ngastina | wus ana dhapure kêris ||

27. Nanging mung sangalas warna | iya iku ran dhapur Pasopati | Sêmpana Krajan Carubuk | Lar-ngatap Cundrik Sêpang | Jalak-dinding Bango-dholok Yuyurumpung | Tilam-upih Bakung Santan | Balebang Kalamisani ||

28. Patrêm Kêbo-lajêr Singa | sangalase Sêmpani amungkasi | Sang Adhastharastra Prabu | karsa yasa curiga | amêwahi dhapur Bêthok aranipun | kang anggarap Êmpu Mayang | nalikane angka warsi ||

29. Pitung atus slawe ika | barêng têkan ing taun angkanèki | pitung atus patang puluh | wowolu sirahira | tanah Jawa kacrita ana prang agung | ingaran prang Bratayuda | jalaran rêbut nagari ||

30. Korawa lawan Pandhawa | cêkakane Korawa kang katitih | Pandhawa pêrange unggul | iku sakèh gagaman | wusing sirna lête wus satus rong taun | saka aprang Bratayuda | sagung ingkang para aji ||

31. Padha wit yasa gagaman | warna nurut gagaman kang wus ênir | amung dhapure kang dhuwung | kang tansah wêwah-wêwah | sabên ratu tartamtu ayasa dhuwung | aniru dhapur kang lawas | atanapi amuwuhi ||

32. Wuwuhing dhapur winarna | awit kala panjênênganira ji | risang Gêndrayana Prabu | ngadhaton ing Mamênang | amuwuhi iyasa dhapuring dhuwung | sawiji dhapur Pandhawa | lorone Karna-tinandhing ||

33. Têlu dhapur Bima-kurdha | kang anggarap aran Êmpu Yamadi | angka taun wolung atus | pitulikur luwihnya | sang aprabu Citrasoma kang ngadhatun | ing Pêngging uga iyasa |

--- 2 : 78 ---

dhapur amung kalih warni ||

34. Siji ran Rara-siduwa | kalih dhapur Megantara kang akardi |Lebih satu suku kata:kalih dhapur Megantara kang kardi. êmpu Gadawisesèku | marêngi taun angka | sangang atus patang-puluh siji iku | kala panjênêngan nata | Mahapunggung Sri bupati ||

35. Ngadhaton Purwacarita | yasa dhapur Carita Cengkrong tuwin | Urubing-damar kang dhapur | lawan Paniwèn ingkang | (ng)garap Êmpu Sarpadewa arannipun | marêngi angkaning warsa | sèwu sawidak kakalih ||

36. Kala panjênêngan nata | Prabu LêmbumilulurLêmbumiluhur. kang mandhiri | ing Jênggala praja agung | yasa dhapur curtgacuriga. | Panji-sêkar Carangsoka Sinom amung | kang anggarap Êmpu Jangga | lan êmpu Windusarpa-di ||

37. Marêngi angkaning warsa | sèwu satus sangalas langkungnèki | sang Prabu Suryamiluhur | iku Radèn Laleyan | pindhah nagri Pajajaran yasa dhuwung | dhapur BaronjolBarojol. kang (ng)garap | Êmpu Windu Sarpa nênggih ||

38. Nalika angkaning warsa | sèwu satus pitungpuluh tan luwih | kala panjênênganipun | Prabu Banjaransêkar | angadhaton Pajajaran yasa dhapur | Parung-sari Tilam-sêkar | tiga dhapur Tilam-upih ||

39. Êmpu Andaya Jênggala | panggarape kala angkaning warsi | sèwu satus asthapuluh | nênêm sisirahira | panjênêngan naranata sang aprabu | Mundhingsari Pajajaran | yasa dhapur Wora-wari ||

40. Lan dhapur Sinom kang (ng)garap | êmpu Ajadsari duk angka warsi | nênggih sèwu kalihatus | wolulikur langkungnya | panjênêngan Sri Pamêkas sang aprabu | ing nagara Pajajaran | muwuhi dhapuring kêris ||

41. Jalak-ngore Crita-klenthang | kang anggarap aran êmpu Anjani | pinuju angkaning taun | sèwu dwitus sawidak | panjênêngan Siyungwanara sang prabu | uga nagri Pajajaran | mamanis iyasa kêris ||

--- 2 : 79 ---

110. Dhandhanggula

1. Amuwuhi dhapuring kang kêris | Jangkung myang Pandhawa-cinarita | Ki Marcukundha êmpune | lan Ki Macan Ki Kuwung | panggarape duk angka warsi | sèwu dwitus kalawan | wolungdasa catur | kala panjênêngan nata | Brawijaya kapisan ing Majapait | muwuhi dhapur katga ||

2. Amangkurat Mangkunagarèki | Jalak-sangu Tumpêng lan Jalak |Kurang satu suku kata: Jalak-sangu Tumpêng lawan Jalak. -sumêlang Gêndring êmpune | angkaning taun iku | panggawene duk angka warsi | sèwu triatus tiga | panjênênganipun | nata Prabu Brawijaya | kang mêkasi karaton ing Majapait | iyasa dhapur katga ||

3. Nagasasra Butaijo tuwin | Sabuk-intên Mênjarang§ Prayoginipun / Mêndarang / kados kasbut ing Pupuh punika, pada 12. Jaruman | Sêpokal myang Anomane | Panimbal êmpunipun | êmpu Dhomas duk angka warsi | sèwu triatus lawan | wulungpuluh iku | kala panjênêngan nata | Sah-ing Akbar Ngalam ing Dêmak miwiti | jamane kawaliyan ||

4. Guruning kang Wali Sanga nami | Sunan Bonang iyasa curiga | dhapur Sangkêlat aranne | êmpu Sura kang (ng)gêbug | panggarape duk angka warsi | sèwu caturtus lawan | nênggih sangalikur | panutup Wali (n)Jêng Sunan | Kalijaga iyasa dhapuring kêris | Kidangsoka Balebang ||

5. Êmpu Jaka Sura kang akardi | panggarape kala angka warsa | sèwu triatus punjule | pan asthadasa catur | tamat ingkang samya mêwahi | dhapure kang curiga | têkèng mangke kulup | iyasa namung panulad | kang wis-uwis tan iyasa dhapur malih | iku caritanira ||

6. Ki Cêbolang matur aminta sih | mênggah ingkang dados panêngêran | dhapur criga sadayane | lêrês utawi êluk | miwah waos lah kadi pundi | Ki Anom angandika | panêngêranipun | saka prabot kang wus kocap | dakwiwiti saka kêris bênêr kaki | iki piyarsakêna ||

--- 2 : 80 ---

7. Dhapur Panjianom kang winarni | nganggo sogokan lawan sraweyan | grènèng myang tikêl-alise | Jaka-tuwa kang dhapur | tikêl-alis sogokan mawi | Tilam-upih kang awak | Bêthok kanang dhapur | awake cêndhak tur amba | gandhik dawa warna datan ngrêspatèni | tikêl-alise cêkak ||

8. Dhapur Karna-tinandhiugtinandhing. dwi gandhik | tikêl-ulis anganggo sogokan | pejetan kêmbang-kacange | ing ngarsa miwah pungkur | grènèng êri-pandhan mêpaki | dhapur Sêmar-bêbêthak | gandhik tinatah lung | sorring gandhik binolongan | dhapur Regol dwi gandhik ing gigir thingil | sarta nganggo pejetan ||

9. Gantya ingkang dhapnurdhapur. Kêbo-têki | wilah cêndhak amba kêmbang-kacang | têtêlu lambe-gajahe | mawa grènèng ing pungkur | dhapur Jalak-nguwuh winarni | gugusèn ada-ada | pejetan myang pungkur | mawa thêngil mangkya gantya | punang dhapur Sêmpani ingkang winarni | amawa kêmbang-kacang ||

10. Tikêl-alis êri-pandhan mawi | dhapur Jamang-murub kang gumantya | sogokan pinêkak rêke | lan nganggo alis iku | mungguh dhapur Tumênggung aming | lambe-gajah sajuga | kêmbang kacang sinung | myang mawa grènèng sraweyan | dhapur Tilamupih parabote nênggih | tikêl-alis kewala ||

11. Nahan ingkang dhapur Pasopati | lambe-gajah sajuga sogokan | apogog kêmbang-kacange | gugusèn ganêpipun | nanging ana gusèn tan mawi | ri-pandhan nora tilar | dhapur Condhong-campur | lambe-gajah kêmbang-kacang | grènèng gusèn sogokan ing ngarsa wuri | tumêkèng pucuk pisan ||

12. Dhapur Jalak-dinding kang winarni | gusèn pejetan thêngil ing wuntat | gantya dhapur Jalak-ngore | sraweyan grènèng amung | Jalak-sangu tumpêng tan mawi | sogokan myang sraweyan | thingile tan kantun | gantya kang dhapur Mêndarang | kêmbang-kacang lambe-gajah mung sawiji | sogokan lan sraweyan ||

13. Lawan nganggo garènèng ing wuri | dhapur Mèsêm mawa kêmbang-kacang | sajuga lambe-gajahe | dhapur Sêmar-tinandhu | kêmbang-kacang sungsun kakalih | lawan nganggo sogokan | Rontêki kang dhapur | gandhik dawa kêmbang-kacang |

--- 2 : 81 ---

lambe-gajah rangkêp sogokan sawiji | muhung ngarêp kewala ||

14. Sujèn-nampèl-wulu wilahnèki | rada kandêl mawa kêmbang-kacang | sawiji lambe-gajahe | rangkêp jajênggotipun | êri-pandhan arangkêp ugi | de dhapur Kêlap-lintah | kêdhik prabotipun | akêncêng sarwa pasaja | gandhik panjang awak kadya Tilamupih | sarta nganggo sogokan ||

15. Yuyu-rumpung wilah angèmpêri | pêdhang suduk ganja Kêlap-lintah | Brojol tan ana prabote | maligi ambalujud | Lalêr-mêngêng dawa kang gandhik | binolong tatêrusan | kêmbang-kacang amung | pindha gêgatra kewala | dhapur Puthut gandhik dawa têngah mawi | pinindha dwijawara ||

16. Dhapur Jalak-sumêlang anggandring | sogokan sawiji anèng ngarsa | sraweyan thêngil wurine | ingkang Mangkurat dhapur | gusèn ramping sogokan mawi | ri-pandhan wuri ngarsa | ing sorsoran rawuh | dhapur Mayat-miring awak | bêngkuk gusèn sogokan amung sawiji | ing wingking gigir kaga ||

17. Kalam-munyêng sogokan sawiji | saraweyan ri pandhan ing wuntat | dhapur Pinarak awake | pindha kang pêdhang suduk | gandhik panjang sogokan kalih | dhapur Marak sogokan | sajuga ing ngayun | mawi garènèng ing wuntat | dhapur Jalak-tilamsari gusèn kruwing | nganggo thêngil ing wuntat ||

18. Dhapur Tilamsari gusèn kruwing | dhapur Jalak-lola ujung ngarsa | dhapur Wora-wari kuwe | mung gêrban kabèh dhuwung | nora êluk gugusèn mawi | Wora-wari arannya | kêris madha dhapur | langkêp abagus kang warna | kang sawiji dhapur Sinom arannèki | Kalamisani dwi-nya ||

19. Dhapur Sinom lambe-gajah siji | kêmbang-kacang jenggot tikêl-imba | sogokan saraweyane | êri-pandhan ing pungkur | ingkang dhapur Kalamisani | kakalih lambe-gajah | kêmbang kacang mungguh | tikêl-alis myang sogokan | grènèng gusèn kinaruwing ngrêspatèni | dhuwung lêrês wus tamat ||

20. Gantya dhapuring dhuwung luk katri | dhapur Jangkung-pacar kang winarna | kakalih lambe-gajahe | kêmbang-kacang bris sinung | sogokannya dumugi pêthit | dhapur Maesa-soka |

--- 2 : 82 ---

lambe-gajah satu | kêmbang-kacang jêjenggotan | sasogokan uga tumêka ing pêthit | padha lan jangkung pacar ||

21. Dhapur Mesa-nêmpuh amung mawi | grènèng wingking dhapur dhuwung wuntat | nglimpa tumêkèng pucuke | dhapur Mayat puniku | kêmbang-kacang sogokan wingking | sraweyan êri-pandhan | garènèng ing pungkur | dhapur Jangkung kêmbang-kacang | gula milir sogokan tumêkèng pêthit | êri-pandhan ing wuntat ||

22. Dhapur Têbu-sauyun ginupit | saraweyan garènèng ing wuntat | ingkang dhapur Bango-dholog | lambe-gajah dwi iku | kêmbang-kacang gêgêr kêkalih | apan papak kewala | gantya ingkang dhapur | manglar-munya Gandhik-naga | tuwin Gajah-pêthik Sawêr-êlar-paksi | sungsun ingkang ri-pandhan ||

23. Dhapur Campur-bawur anganggo bris | bongkot pucuk abênêr kewala | amung nèng têngah êluke | sogokanira bagus | dhapur Jladri winotan nênggih | kêmbang-kacang jenggotan | sasogokanipun | kang dhapur Êlêr sajuga | têkèng pucuk dhapur Jangkung cinitrèki | rangkêp lambening-gajah ||

24. Kêmbang-kacang nganggo tikêl-alis | sasogokan pejetan sraweyan | ri-pandhan thingil grènènge | tamat dhapur tri êluk | mangkya gantya dhapuring kêris | luk lima kang kinandha | sinêrasah dhapur | têngah nganggo ada-ada | pinggir gusèn sarasah tumêkèng pêthit | kêmbang-kacang ri pandhan ||

25. Dhapur Pudhak-satêgal winarni | kêmbang-kacang sogokan sraweyan | pinêkak sor-êsorane | dhapur Pulanggêni ku | saraweyan grènèng ing wuri | gantya dhapur Pandhawa | sêkar-kacang sinung | sasogokan myang sraweyan | êri-pandhan dhapur Anoman winarni | lambe-gajah sajuga ||

26. Kêmbang kacang sogokan dumugi | marang pucuk (n)jalirid rêspatya | dhapur Kêbo-dhêngên rêke | ganja Klap-lintah iku | lambe-gajah amung sawiji | gandhike rada dawa | kêmbang-kacang sinung | gantya dhapur Kalanadhah | sasogokan ananging namung sasisih | saraweyan ri pandhan ||

27. Dhapur Pandhawa-rare puniki | lambe-gajah lamba kêmbang-kacang |

--- 2 : 83 ---

ri pandhan kêmbang êluke | Urap-urap kang dhapur | kêmbang-kacang cupêt mantêsi | rangkêp kang sasogokan | gusèn alis sinung | dhapur a-Naga-salira | gandhik pindha asu ajag lidhah mijil | mangap lir ayun mangsa ||

28. Dhapur Kêbo-dhêndhêng dènwastani | sogokan kabalongsong sadaya | Pandhawa-cinarita-ne | dwi lambe-gajahipun | kêmbang kacang atikêl-alis | sogokan pêpejetan | saraweyan sinung | grènèng gusèn myang kruwingan | kêris êluk lima dhapure wis titi | gantya kang winursita ||

29. Dhapur kêris luk pitu ginupit | ingkang dhingin adhapur Balebang | sawiji lambe-gajahe | kêmbang-kacang myang sinung | sêsogokan sraweyan wingking | dhapur Murma-malela | lambe gajah satu | miwah sinung kêmbang-kacang | dhapur Crubuk lambe-gajahe sawiji | kêmbang kacang sraweyan ||

30. Lawan sinung garènèng ing wuri | dhapur Jaran-goyang mung pejetan | banjur nganggo thêthingile | dhapur Naga-kras iku | kêmbang-kacang garènèng mawi | sinungsun myang sor-soran | pinindha ron êlung | ana kang tinrapan êmas | gantya dhapur Sêmpana punjul kang gandhik | malang nganggo sraweyan ||

31. Myang sraweyan ri-pandhan ananging | tikêl-alis apan tan sinungan | dhapur Sêmpana-bungkêm-e | kêmbang-kacang tan têrus | uga tanpa kang tikêl-alis | dhapur Critakasapta | lambe gajah dwiku | kêmbang-kacang myang sogokan | tikêl-alis grènèng myang sogokan tuwin | gusèn nganggo kruwingan ||

32. Êluk pitu wus tamat gumanti | dhapur ingkang kêris êluk sanga | dhapur Kidang-mas prabote | garènèng êri amung | dhapur Panjisêkar winarni | pugut kang kêmbang-kacang | sosogokan sinung | saraweyan myang ri-pandhan | kanang dhapur Sêmpana lambe gajah ji | (m)bang-kacang grènèng wuntat ||

33. Dhapur Jaruman sogokan mawi | saraweyan dhapur Jrudèh apan | sawiji lambe-gajahe | kêmbang-kacang myang sinung | sasogokan gantya winarni | dhapur Paniwèn apan | kêmbang-kacangipun | jugag sogokan sraweyan | gantya dhapur Panimbal lambe-gajah dwi | kêmbang kacang sogokan ||

--- 2 : 84 ---

34. Myang sraweyan garènèng ing wuri | gantya ingkang dhapur Kidang-soka | lambe gajah kakalihe | kêmbang-kacang pan sinung | saraweyan ri-pandhan wuri | kang dhapur Carang-soka | lambe-gajahipun | siji nganggo kêmbang-kacang | saraweyan mawa êri-pandhan wuri | de dhapur Sabuk-tampar ||

35. Ingkang lambe-gajah mung sawiji | kêmbang-kacang sogokan sraweyan | nganggo ri-pandhan yêktine | Buta-ijo kang dhapur | kêmbang-kacang sogokan mawi | ri-pandhan saraweyan | gantya ingkang dhapur | Sêmpana-kalenthang ika | nganggo kêmbang-kacang miwah tikêl-alis | tanapi êri-pandhan ||

36. Dhapur Crita-kanawa winarni | kakalih kang lambene-dwipangga | (m)bang-kacang tikêl-alise | mawa sogokan iku | saraweyan grènèng mantêsi | gusèn miwah kruwingan | tamat dhuwung êluk | sasanga ing dhapurira | mangke gantya luk sawêlas dhapuring kris | gambuh ingkang curiga ||

111. Gambuh

1. Carita-bungkêm dhapur | kêmbang-kacang bungkêm datan têrus | dhapur Crita pasaja lambening-èsthi | kakalih puniku amung | datan nganggo liyan prabot ||

2. Crita-kaprabon dhapur | lambe-gajah kakalih puniku | sarta nganggo kêmbang-kacang tikêl-alis | sogokan sraweyanipun | grènèng gusèn kruwing munggoh ||

3. Crita-dalêman dhapur | mung sawiji lambe-gajahipun | uga nganggo kêmbang-kacang tikêl-alis | sogokan sraweyanipun | grènèng gusèn kruwing jenggot ||

4. Sabuk-intên kang dhapur | lambe-gajah pan sajuga namung | kêmbang-kacang sogokan sraweyan mawi | êri-pandhan gantya dhapur | Cluring-regol kawin rêko ||

5. Kêrêp gilig ing pucuk | kêmbang-kacang sasogokan sinung | dhapur Crita-gènèngangrènèngan. luk bongkot awis | ing pucuk kêkêr kang êluk | kêmbang-kacang ajêjenggot ||

--- 2 : 85 ---

6. Sogokan ri pandhan wus | dhapur Crita-gandhu kang winuwus | êluk kêmbang-kacang anganggo bris |Kurang dua suku kata: êluk kêmbang-kacang sarta anganggo bris. sraweyan ri-pandhan amung | dhapur Sabuk-tali rêko ||

7. Lir regol punang êluk | sasogokan sawiji ing ngayun | saraweyan dhapur Jaka-wuru nênggih | pejetan ri-pandhan namung | luk triwlas mangkya kacriyos ||

8. Awit Caluring dhapur | saraweyan (m)bang ri-pandhan amung | dhapur Sangklat lambe gajah mung sawiji | kêmbang-kacang jenggot mungguh | tikêl-alis myang sasogok ||

9. Pejelanpejetan. sraweyan nung | grènèng miwah èri-pandhanipunêri. | dhapur Johan mangan kala ula milir | sogokan garènèng uwus | Nagasasra winiraos ||

10. Pêthite têkèng pucuk | grènèng sungsun gantya ingkang dhapur | Parungsari lambene-gajah kakalih | kêmbang-kacang jenggot sinung | tikêl-alis myang sinogok ||

11. Pèjèt sraweyanipun | grènèng êri-pandhan gusèn sinung | karuwingan satuhu lamun rêspati | triwêlas êluke bêsus | kabagusan sêrêng mantog ||

12. Dhapur Kantar puniku | mung sawiji lambe-gajahiyun | kêmbang-kacang sogokan sajuga ngarsi | lawan sraweyan ing pungkur | dhapur Lunggadhung kacriyos ||

13. Siji lambene-blêdug | kêmbang-kacang jenggote pinatut | saraweyan banjur ri-pandhan wus lisning | dhapur Sêpokal puniku | muhung saraweyan êthok ||

14. Karawêlang kang dhapur | kêmbang-kacangira apan pugut | lambening kang gajah pan amung sawiji | êri-pandhan miwah sinung | arancangan kang kinaot ||

15. Naga-seluman dhapur | ganja Kêlap-lintah gandhikipun | dhapur Naga nanging tan na mawi pêthit | dhapur Bima-kurdha iku | sogokan sungsun kang jenggot ||

16. Ri-pandhan uga sungsun | sarawtyansaraweyan. dhuwung ingkang êluk | tigawêlas titi mangkya kang winarni | dhapur ingkang dhuwung êluk | gangsalwêlas kacariyos ||

--- 2 : 86 ---

17. Carang-buntala dhapur | lambe-gajah sawiji puniku | kêmbang-kacang sraweyan ri pandhan aming | dhapur Sèdhêt lambenipun | dipangga uga sawiyos ||

18. Kêmbang-kacang pan sinung | sosogokan êri-pandhanipun | dhapur Ragawilah lambe gajah siji | kêmbang-kacang grènèng sampun | dhapur Ragapasung gantos ||

19. Tikêl-alis grènèng mung | dhapur Mesanabrang alisipun | têkèng pucuk dhapur Crita-buntalèki | kêmbang-kacang jenggot sinung | sraweyan ri pandhan pantog ||

20. Dhapuring kang kêris luk | saptawêlas mangke kang winuwus | kang rumuhun dhapur Ngampêr-buta nami | mawa kêmbang kacang iku | lambene-gajah sawiyos ||

21. Dhapur lancingan amung | kêmbang-kacange sor-soranipun | pan pinêkak luk sangalas kang gumanti | dhapur Trimurda puniku | amung tikêl-alis thothok ||

22. Dhuwung êluk salikur | dhapur Kalatinantang puniku | nganggo kêmbang-kacang lambe-gajah siji | sasogokan grènèng sinung | dhapur (n)Drajit winiraos ||

23. Dwi lambe-gajahipun | kêmbang-kacang saraweyan amung | mangkya dhapur Trisirah lambening-èsthi | lamba tikêl-alis sinung | sogokan luk slikur pantog ||

24. Luk salawe winuwus | dhapur Bima-kurdha lambenipun | gajah kalih kêmbang-kacang sarta mawi | sogokan ri-pandhan amung | luk salawe mung sawiyos ||

25. Kêris luk pitulikur | dhapur Taga-wirun wastanipun | lambenira-dwipangga apan akalih | (m)bang-kacang sogokan sinung | êri-pandhan uwus notog ||

26. Gantya dhapuring dhuwung | êluk sngalikursangalikur. kang winuwus | dhapur Kalabêndu lambe-gajah kalih | (m)bang-kacang sogokan sinung | êri-pandhan kulup pantog ||

27. Nênggih dhapuring dhuwung | Mas Cêbolang alon aturipun | sakalangkung nuwun saha ulunpundhi | ywa tanggêl paring pituduh | mênggah dhapuring kang waos ||

--- 2 : 87 ---

28. Kang lêrês tuwin êluk | Kyai Anom mèsêm ngandika rum | kanang tumbak dhapure ya warni-warni | tumbak bênêr kang rumuhun | dhapure kang kacariyos ||

29. Dhapur BaruBaru = Baro (dan di tempat lain). puniku | amba bongkot gêthêtan pan sinung | dhapur Baru-tropong (m)bêmbêng para gilig | dhapur Baru-kuping pucuk | gêthêtan anjêbèr bongkot ||

30. Baru-panatas dhapur | bongkot ada-ada gèpèng pucuk | dhapur Baru-tangtala gêthêtan kalih | awak gilig têkèng pucuk | dhapur Cèkèl winiraos ||

31. Awak (m)bangkèk gusèn wus | dhapur Cèkèl baluluk winuwus | wak-awakan sawatara rada gilig | dene dhapur Sêkar-jantung | kruwingan gêthêt tan manggon ||

32. Bêring-wadon kang dhapur | (m)bêmbêng gusèn ada-ada bagus | myang gêthêtan Bêring-lanangan winarni | bongkot pojokan gusèn wus | Bêring-drajit winiraos ||

33. Ri Pandhanira sungsun | myang kruwingan Sapit-tabon dhapur | anggêthêtan tanpa sungsun gapitnèki | dhapur Sapit-abontabon (dan di tempat lain). iku | gapit nusul (m)bêmbêng bêdhog ||

34. Dhapur Togog puniku | (m)bêmbêng gilig de kang Sadak dhapur | pêkakan tri ingkang dhapur Kudhup-mlathi | gilig tumêka ing pucuk | ananging lênggang kang bongkot ||

35. Kudhup-capaka dhapur | têngah gilig mêrit bedanipun | lênggang bongkot mangke gantya Kudhup-gambir | ada-ada ngadhal-busung | têngah gilig lênggang bongkot ||

36. Godhong-andong kang dhapur | apan urip ada-adanipun | ngadhal-mêtêng dhapur Bung-ampèl winarni | gilig ri pandhane sungsun | karuwingan asri tinon ||

37. Dhapur Godhong-pring iku | karuwingan (m)bêmbêng awakipun | sujèn-ampèl êri-pandhan sungsun gilig | gantya Tumpêr-ingas dhapur | gusèn pinêkak pitados ||

38. Ada-ada pinatut | pucuk gilig tamat ingkang dhapur | tumbak bênêr Mas Cêbolang matur aris | mênggah waos ingkang êluk | dhapurnya mugi kawiyos ||

--- 2 : 88 ---

112. Mijil

1. Tumbak êluk têlu kang winarni | dhapur Sapit-abon | pan gêthêtan anusul gapite | dhapur Pandhu ngisor naga kalih | awake manginggil | amêngkoni êluk ||

2. Dhapur Banyak-angrêm kang gumanti | anjêbèr ing bongkot | dhapur Sipat-kelor pêkakane | dene bongkot papak ngrêspatèni | apan datan lincip | gantya ingkang dhapur ||

3. Butamèlèr gusèn grènèng ngrêmit | ada-ada kaot | binasakkên lumayu bongkote | êluk lima ing mangkya ginupit | dhapur Rangga mawi | sogokan gusèn wus ||

4. Dhapur Cacing-kanil luknya awis | gilig (n)jêbèr ngisor | dhapur Doramênggala prabote | têngah ada-ada awak gilig | ngisor (n)jêbèr nanging | papakan puniku ||

5. Dene ingkang dhapur Dara-dasih | gilig (n)jêbèr ngisor | pan pinêkak sarta nganggo grènèng | ada-ada ing têngah mantêsi | mangkya kang winarni | dhapur Panggang-wêlut ||

6. Rengkol-rengkol gèpèng awaknèki | Panggang-lele rengkol | awak gèpèng nanging nganggo grènèng | Sladha-asta rengkol pucuknèki | têngah bênêr gilig | gusèn grènèng satu ||

7. Êluk pitu mangkya kang gumanti | dhapure kacriyos | Megantara pan ada-adane | amung têngah satugêl watawis | grènènge sawiji | mangkya ponang dhapur ||

8. Kradhan iku cilik miwah mêrit | gantya winiraos | dhapuring kang luk sanga waose | nênggih dhapur Badhotan winarni | lawan naga kalih | lis ri-pandhanipun ||

9. Dhapur Trisula mawa pang kalih | dadya katri waos | dhapur Crita-anoman prabote | nganggo êri-pandhan gusèn uwis | ing mangkya gumanti | sawêlas kang êluk ||

10. Dhapur Crita-anoman pan mawi | dwi sogokan kaot | sarta nganggo êri-pandhan gusèn | dhapur Crita-blandhongan puniki | parabot tan mawi | mung amba (m)balujud ||

--- 2 : 89 ---

11. Dhapur Crita ri-pandhan ginusi | tamat dhapur waos | iya iku nora ana manèh | mungguh dhapur lan tangguh kang uwis | dak gêlarkên iki | poma wêkasingsun ||

12. Lamun ana ingkang nyulayani | êtutên kemawon | garêjêgan tan ana pêrlune | bêcik ngalah ing basa sathithik | malah olèh bathi | tur nora kumruwuk ||

13. Mas Cêbolang matur mangênjali | dhuh Kiyai Anom | lumuntur ing sabda mring dasibedasihe. | sakalangkung ulun pundhi-pundhi | bingahe tyas mami | (m)botên sagêd matur ||

14. Kacarita wus antara lami | dènnira kêkepon | nèng ngarsane risang Kyai Anèm | sabên enjing mantuk lamun bukti | bakda Ngisa bali | kadhang nganti muput ||

15. Duk samana nèng pondhokan lagi | Ki Amat lingnya lon | mangke ratri kakang dipun purih | pinarak mring wismane Kiyai | Bawaraga miji | pangrêbab puniku ||

16. Nyêtauni putunya pawèstri | sru winantos-wantos | lalênggahan ing sakaparênge | mirêngakên kalênèngan tuwin | pangliking kang ringgit | binarung swara rum ||

17. Inggih adhi saklangkung prayogi | bakda Ngisa bodhol | Ki Têngara kalawan tamune | praptèng Bawaragan kyai panti | gupuh ngacarani | pinarnah (ng)gènnipun ||

18. Sinambrama ing wacana manis | winantu kang sugoh | samya rahab sakèhe tamune | miyarsakkên gêndhing Gambirsawit | kang ngidung nyindhèni | wilêt swara arum ||

19. Mas Cêbolang matur mring ki panti | tobil (m)botên ilok | lah punapi punika gêndhinge | têka nyênyês têkèng sanubari | wèh trênyuh kang myarsi | mrinding wulu-ulun ||

20. Bawaraga latah amangsuli | babo mitraningong | Gambirsawit punika jênênge | Mas Cêbolang matur mring ki panti | paringa udani | gêndhing manggènnipun ||

21. Cagak lênggah tinimbang ngraosi | ing awoning uwong | Bawaraga mèsêm lon dêlinge | èngêtkulaèngêt kula. manggèning kang gêndhing | sêndhon pathêtnèki | samya ngênêmlikur ||

--- 2 : 90 ---

22. Sasêndhon nêm Abondhan-kinanthi | Budhêng-budhêng Songkok | Layu-layu Sêngkawa Pangawe | Sêmang Rêbêng Lonthang Sambul gêndhing | Rangu Kaduk-manis | Mundhuk Mega-mêndhung ||

23. Karêng-karêng Kitamèng-gitaki | nèng Paseban Kabor | Sarayuda Sambul Talèdhèke | Gonjang-anom Ladrang-mangu tuwin | Gandrung-mangungkung-gring | Ganggong Gobêt Rambu ||

24. Pathêt sanga Lonthang-kasmaran-di | Wangsaguna Rondhon | Danaraja Bontit Gègèr-sore | Lala-gothang Ganggong Bawaragi | Mandul Amalatsih | Bondhèt Surung-dhayung ||

25. Onang-onang Mawur Gambirsawit | Candra Kêncèng Barong | Galompong myang Gêndrèh-kêmasan-ne | Êla-êla Gandakusumadi | gêndhing Longkèh tuwin | Sumêdhang Sumèru ||Sêmèru.

26. Sêndhon gangsal Muntap Candrasari | Larajala Gondrong | Taliwangsa Jalaga rêbabperêbabe (dan di tempat lain). | Sêmang-gita Glêndhèh Rarasati | Plajêngan Pangrawit | Babar-layar Tlutur ||

27. Singa-singa Gleyong ing panggalih | Jalaga bonang (n)don | Kombangmara Gul-agul rêbabpe | Kêmbang-mara Slebrak Daradasih | Glêndhêng Klênthung Pêngasih |Lebih satu suku kata: Glêndhêng Klênthung Pngasih. Brêmara Majêmuk ||

28. Pathêt nênêm Lara-nangis gêndhing | Bêntar ing Kadhaton | Karawitan Babak Prihatine | Mara-sanja Kocak Kaduk-manis | Ramyang Galondhang Pring | -tunjung Kroban Guntur ||

29. Maskumambang Godhêg Titipati | Gêndrèh-lêlana (n)jog | Sêmukirang Lonthang Udan-sore | Pêksi-bayan ganPêksi-bayangan. Wêdharpujanggi | Mênyan-seta tuwin | Jamba Sêmar-mantu ||

30. Sêndhon barang Wêdhi-kèngsêr Siring | Ludira (n)Dhol-ondhol | Cacatingrat Maraseba Bondhèt | Sêmbur-adas Cangkêm Pramugara | Jênthar Ladrang-manis | Bèlèk Kuwung-kuwung ||

31. Sangu-mulya Rimong Gandrung-manis | Badhaya Anggondrong | pan Ludiramandura Gêndrèhe | Êjong-mèru Babar-layar-nèki | Parigêntang tuwin | Tukung Lêmpung-gunung ||

--- 2 : 91 ---

32. Nahên pathêt manyura Têmiling | Sèdhêt Pujangganom | Talimurda Ramyang Kasmaranne | Mèncêp Gonjang Galewang Sêmiring | Randhat Damarkèli | lagu Cucurbawuk ||

33. Dhalang-karainan Lambangsari | Gandrungmangu Boyong | Pujangganom Mandura Rênyêp-e | Bujang-tawang Capang Lêmpung wukir | Pre-nomPre: dari kata 'Pare'. Gayung-rindhik | Lobong Pacarbanyu ||

34. ÈngetÈngêt. kula punika wis titi | Cêbolang lingnya lon | satus sèkêt pipitu etange | awit Pathêt Manyura myambaki | langkungnya satunggil | dados pitulikur ||

35. Lingsir ratri para tamu pamit | wus linilan bodhol | Mat Têngara kalawan tamune | sampun mundur praptanirèng panti | lajêng samya guling | Ki Amat ngaruntuh ||

36. Enjangira satanginya guling | gugusinya aboh | Cêbolang ling paran darunane | wau dalu ngaruntuh si adhi | kakang sakit gigi | gusi kula abuh ||

37. Kêmêng nguntar-untar langkung sakit | Mas Cêbolang gupoh | sung usada sêkar kênangane | lawan sarêm dawêg niki adhi | (n)dika mamah aglis | bokmawawibokmanawi. tulung ||

38. Wus dènmamah ing sakala ênir | sakit kang karaos | gusi abuh cinoblos ri gêrèh | rah (n)dalêdêg sanalika mari | abuh miwah sakit | lonthang-lonthang kantun ||

113. Lonthang

1. Kakang sampun | datan wontên raosira | lah sanyata | usada Pêrmati tama | Mas Cêbolang alon wijiling wacana ||

2. Inggih (n)dawêg | anyarêngi lawan mangsa | mênggah jampi | wau jodho saèstunya | datan kenging tinamtokkên wèh waluya ||

3. Adhi ulun | nyuwun sasêrêpan para | mitraningwang | kang anami Madiaswa | inggih pundi anggènnipun agêgriya ||

4. Sampun lami | dènnira angarsa-arsa | maring ulun | mila yèn sambadèng karsa | wawi sami mring wismane Madiaswa ||

--- 2 : 92 ---

5. Ki Mat angling | Suratêgaran griyanya | kidul masjid | nanging yèn siyang puniku | tamtu wontên pêkên nêgarrinêgari: bukan bentuk krama 'negara', tetapi 'negari' dari kata 'tegar' menjadi 'negari' menjadi 'panegar' = pelatih kuda pacuan (dan di tempat lain). turangga ||

6. Bilih nuju | Rêbo wêkasaning candra | lawan tali | -wangke myang siwalataba | lah punika ajrih nêgarri turangga ||

7. Yèn samangke | supadi nuntên kapanggya | cinêgat ing | prapatan Gladhak kewala | Mas Cêbolang panudyèng tyas gya lumampah ||

8. Tanpa rencang | lampahira sampun prapta | ing prapatan | marêngi Ki Madiaswa | ngitêr kuda dupi myat mring mitranira ||

9. Gurawalan | tumurun saking turangga | wusnya tundhuk | Madiaswa atatanya | wau sami saking pundi kalihira ||

10. Kang sinung ngling | amangsuli saking wisma | kakang tamu | punika kang ayun panggya | lan andika têka akapasangyogya ||

11. Madiaswa | sukèng tyas manis lingira | èstu sampun | lami ulun ngarsa-arsa | kaparênga lajêng pinarak mring wisma ||

12. Lumaksana | Madiaswa nuntun kuda | Cêbolang ngling | prayogi nitih kewala | ulun antuk bathi uning patrapira ||

13. Angrèh kuda | Madiaswa nitih sigra | tan winarna | ing ngênu wus praptèng wisma | gya tumurun kuda tinampèn rencangnya ||

14. Kinocoran | amrih ayêming turangga | gya tinuntun | linampah-lampahkên sigra | Madiaswa ngacarani tamunira ||

15. Wus pinarak | anèng madyaning pandhapa | Mat Têngara | palilan marang ki wisma | awit nuju kalêrês anyanggi karya ||

16. Madiaswa | nyandhêt mangke ta mangke ta | ngêntosana | sakêdhap sugatakula | lah ta bocah wedangmu nuli ladèkna ||

17. Sawusira | angrahapi kang sugata | Mat Têngara | mantuk kantun tamunira | Ki Cêbolang pinarak lawan ki wisma ||

18. Jênak dènnya | mêrtamu sadangunira | kang ginunêm | tan lyan pangrèhing turangga | Mas Cêbolang umatur mring Madiaswa ||

19. Bab pangrèhing | kuda mugi kababarna | namaning kang | tangsul miwah patrapira | kang liningan tan wangwang mêdharkên sigra ||

--- 2 : 93 ---

20. Tangsul kalih | mangkya ingkang winursita | asta kiwa | nyêpêng apus sisih kiwa | apus têngên asta têngên kang angasta ||

21. Tangsul sanga | apus kakalih sinama | gya cinêpêng | ing asta têngên sadaya | asta kiwa nyêpêng apus nèng ngajêngnya ||

22. Asta têngên | patrap driji manis saha | jajênthiknya | nyangkêrêm apus kang kiwa | de panuduh sarta dariji têngahnya ||

23. Nyêpêng apus | kang sisih têngên sarana | kapidih ing | jajêmpol ingkang warata | èstu angèl kalamun dèrèng widagda ||

24. Mangkya gantya | winastan tangsul manyura | asta kiwa | nyêpêng apus patrapira | kadosdene tangsul sanga kasbut ngarsa ||

25. Kaotipun | kaliyan tangsul sasanga | dariji kang | têngah gêsang têgêsira | kenging ngolah ngalih de asta têngênnya ||

26. Nyêpêng apus | sawingkinge asta kiwa | patrapipun | ngingsêt-ingsêt utawinya | angolahkên kêndho kêncêningkêncênging. pusara ||

27. (ng)Gih punika | apus kang sisih têngênnya | langkung angèl | tinimbang lan tangsul sanga | yèn wus prigêl yêktine gampang kewala ||

28. Nahan tangsul | satunggal mangkya winarna | ingkang nyêpêng | apus namung asta kiwa | tumrap kapal ingkang wus gambuh lampahnya ||

29. Mangkya ingkang | winastanan tangsul gatra | apus kalih | rinangkus nèng asta kiwa | patrapira kadosdene tangsul sanga ||

30. Tangsul puspa | panyêpênge kang pusara | mung kapidih | dariji panuduh kiwa | lan darijwa jajêmpol ugi kang kiwa ||

31. Tangsul ponjèn | gampil tan kakeyan reka | apus kalih | sinami kêndho kêncêngnya | wusing sami kabundhêlakên kewala ||

32. Tangsul pada | apus kang têngên punika | kajêpit ing | jajêmpol suku têngênnya | dene apus kang kiwa ugi mangkana ||

33. Jinêpit ing | jêmpol suku ingkang kiwa | tangsul pada | puniku tumrap manawa | wontên kuda kang tansah dhangar kewala ||

34. Tangsul madu | -sadana kang ginupita | (ng)gih puniku | tanduk ingkang tumrap marang | mantukira kapal mêntas tinêgaran ||

--- 2 : 94 ---

35. Bilih sampun | cêlak lawan padunungan | kêdah karêm | -arêm datan katandukan | ing pangêrèh supadi sarèh ing driya ||

36. Mênggah tangsul | camêthi kang ginupita | pananduke | kagêbag de wijangira | (ng)gih punika sadasa warni kathahnya ||

37. Ingkang iring | têngên bokong myang tepongnya | pupu wingking | ngajêng pundhak pupu ngarsa | ingkang iring kiwa pan ugi mangkana ||

38. Kajawine | punika kasanganira | ngajêng buntut | myang maripat têngên kiwa | utawane Ganda-kasilir namanya ||

39. (ng)Gih punika | kapatrapana pratingkah | angajrih-ajrihi kapal | kang sarana | lan cêmêthi anging ywa nganti tumiba ||Mungkin baris ke-3 dan ke-4 terbalik.

40. Tangsul-raga | punika osiking driya | kang kawêdal | saking solahing badannya | kang anumpak kadosta andhêdhêg kiwa ||

41. (n)Dhêdhêg têngên | (ng)gêbrag utawi sukunya | kalih pisan | (n)dhêdhêg sarêng aywa kêmba | ingsêt obah ngiwa nêngên kang sarira ||

42. Oyog miwah | sêrêg ebah majêng sigra | miwah ngunjal | -lakên punika kalayan | sangêt-sangêt pangingsêt pandudukira ||

114. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh/Mêgatruh.

1. Mangkya gantya katrangan bab lênggahipun | amumpaki ingkang wajik | winastan Kaprabon luhung | apan jêjêg lênggahnèki | ulur-ulur madya tinon ||

2. Jêngku mipit talapakan jinjitipun | pasêmon anjatmikani | dene kaping kalihipun | Kasatriyan dènwastani | lênggahnya buntar kinaot ||

3. Pan kapara wingking jajanira manglung | jangga panggêl ngrêspataningrespatèni. | panjang ingkang ulur-ulur | pupu rapêt suku jinjit | mathènthèng ladak pasêmon ||

4. Kang winastan Kamantrèn nitihnya ngungkruk | cêkak ulur-ulurnèki | sêmu ngongrong asta mringkus | ing pasêmonipun ajrih | tamat patraping palunggoh ||

--- 2 : 95 ---

5. Bab namine mêkakan mangkya winuwus | ugi wontên tigang warni | kang rumuhun Ganggêng-kanyut | punika pêkakan wajik | kang andhêgnya akêraos ||

6. Lir kajlungup dadya pêkakan puniku | anandhakkên kang turanggi | mèdêm kasagêtanipun | sawêg anyak sagêd nyirig | kalihipun kang kawiyos ||

7. Genggung-sitangarpa§ Prayoginipun / genggong / kados kasebut ing Pupuh punika, pada 8. pan namanipun |Kurang satu suku kata: Genggong-sitangarpa apan namanipun. ingkang andhêgipun wajik | (n)jêjêk mangiwa puniku | sukunipun ingkang wingking | mêndhak arêspati tinon ||

8. (ng)Gih punika kapal kang sampun satuhu | andados pasirignèki | katrinya iangkang winuwusLebih satu suku kata: katrinya ingkang winuwus. | Genggong-samaguna nami | punika ingkang wus golong ||

9. Andhêgipun suku wingking kalih wau | nyarêngi pyoking kêndhali | kapal makatên (n)dhêgipun | punika apan sayêkti | sasirignya sampun gamboh ||

10. Bab pangangkah tuwin nêgarri winuwus | badhe ngangkah lampahnèki | kêdah juwèh kang tatangsul | kaosikkên wola-wali | punika ingkang supados ||

11. Sagêd tampi punang kuda manahipun | saha badaning turanggi | kêrêp kaoyog de pungkur | kawantonan sawatawis | cinamêthi alon-alon ||

12. Bilih badhe amangangkah (n)jojogipun | kêdah srana dènlêgani | ing ngajêng de têngahipun | kaêncota sawatawis | wingking kawantonan alon ||

13. Lamun badhe amangangkah congklangipun | kajojogakên rumiyin | sadangunya (n)jojog gupuh | kasêrêga saking wingking | saèstu kêdah winanton ||

14. Tangsulipun kaamêr-amêra amung | myang ing ngajêng dènlêgani | yèn punika wus tamanduk | mangka dèrèng pasang ati | kêdah andhêdhêga gupoh ||

--- 2 : 96 ---

15. Myang ginêtyag utawi ginêbrag asru | bilih wus nyongklang kang wajik | waspadakna sukunipun | lamun kang kiwa rumiyin | apus kang kiwa sinerong ||

16. Lamun dipun kêncêngi ywa sampun-sampun | yèn wus manêngên tindaking | suku têngên kang rumuhun | apus cinêpêng kang sami | kaamêr-amêr kemawon ||

17. Supayanya sagêd sarèh congklangipun | yèn kalanturkên supadi | pinrih ing panyandêripun | lajêng kalêganan nênggih | têngah kinathahan gupoh ||

18. Saha kêdah dipun wantoni ing pungkur | bilih botên mituruti | nyandêr margi manahipun | punang kuda boya tampi | mangka pangrèh mrih kalakon ||

19. Kêdah srana kagêbrag ginêbrag asru | yèn wus nyandêr sawatawis | satus tindak têbihipun | lajêng cinandhêta aglis | muntaping tyas sampun ngantos ||

20. Bilih badhe amangangkah sirigipun | kapatuhna lampahnèki | malang manêngên rumuhun | ing pangangkah kang supadi | lampah malang winiraos ||

21. Panyêpênge apus manêngên kaimpu | saha tungkak ingkang kering | pandhêdhêgira ywa kantu | ngantos sagêdnya lumaris | amalang manêngên matoh ||

22. Bilih angèl katindakkên lampahipun | sarana trekah puniki | apus sisih kiwa gupuh | kaseronga myang ing wingking | winantonan kang bobokong ||

23. Ingkang têngên mangka kirang tampinipun | kagêbaga ingkang kering | ananging panggêbagipun | kêdah saking têngên ugi | yèku winastanan senggok ||

24. Yèn wus purun lumampah nêngên puniku | suku kêdah dènpirsani | yèn wus ajêg tan tumpang suh | myang tan imbal lampahnèki | lajêng katindakna (n)jojog ||

25. Ugi malang manêngên sarananipun | ing ngajêng dipun lêgani | wingking kawantonan namung | ngatos-atos ngirih-irih | tyase kuda dimèn bombong ||

--- 2 : 97 ---

26. Sadangune ingangkah lampahnya megung | tuwin (n)jojog malangnèki | lambe iring têngênipun | kaangkaha sagêdnèki | nyerong nêngên kang wigatos ||

27. Pangangkahe nyerong lambe sagêdipun | nolèh nêngên apus sisih | têngên kakêncêngna namung | ywa kagèt saking sakêdhik | yèn tan tampi ing pangrèh (n)don ||

28. Kêdah dipun kêrêpi krècèganipun | dene krècègan puniku | gadhah daya kalih luhung | sapisan nglêrêmkên ati | ping kalihe winiraos ||

29. Yèn wus purun mangap ènthèng lambenipun | yèn katandukan kang pamrih | ingkang amakatên wau | lajêng nètèr-nètèr ngering | apus sisih kiwa gupoh ||

30. Katarika supados sagêde wangsul | malang nêngên lampahnèki | saha kêdah kaingsêd mung | manêngên pangingsêdnèki | ingkang makatên supados ||

31. Atampia manahe kuda puniku | yèn pangrèh kang wus kawijil | punika supados amung | nyerong lambe nêngên sisih | kados botên ngangkah seos ||

32. Nètèripun manawi datan kinayun | mangka mêksa botên tampi | kagêbaga ingkang sêru | ing panggêbag dènsarêngi | lawan pangingsêding bokong ||

33. Pan makatên punika salajêngipun | ngantos sagêdnya lumaris | (n)jojog malang nêngên matuh | Mas Cêbolang duk miyarsi | gèdhèg-gèdhèg longang-longong ||

34. Alon matur saèstu angèl kalangkung | mangka dèrèng amrih nyirig | sawêg ngangkah malangipun | tingkahe sakranjang gambir | paran lajênge pitudoh ||

35. Madiaswa anglajêngakên pitutur | (n)jojog malang wus lêstari | ajêg boya atumpang suh | tuwin grijag lampahnèki | sadangunipun anjojog ||

36. Tumuntên lajêng kapêrêga gupuh |Kurang satu suku kata: Tumuntên lajêng kapêrêga agupuh. supados tumindak nyirig | wus tumindak sirigipun | watawis gangsal utawi | sadasa colotan gupoh ||

--- 2 : 98 ---

37. Kaandhêga pamêkakira kang tangsul | kinagètna dimèn rêsik | andhêg kang rêsik puniku | mandhêg grêg datanpa osik | gya lumampah alon-alon ||

38. Yèn wus antuk sawatara lampahipun | katindakna nyirig malih | sadhengahên prayanipun | saking sakêdhik-sakêdhik | sirig ywa kêmba supados ||

39. Saha malih kang makatên lajêngipun | kalojo saking sakêdhik | bilih sirigipun wau | tan (n)jujur tan ngancas margi | tangsul ingimpuwa gupoh ||

40. Amanêngên manawi ngungkrêd kang ngayun | kalêganana lan malih | tangsul mangiwa kaimpu | bilih kêmba sirignèki | tuwin rindhik tan wigatos ||

41. Kacêngèrna dimèn rikat sirigipun | srana wingking dènwantoni | saha kasêrêga amung | sawatawis kang supadi | sagêd sêrêng sirig alon ||

42. Kang manawi karikatên sirigipun | utawi mrêdêng nglangkungi | kaandhêga amrihipun | supados sagêda rindhik | ngangkah rindhik asmarandon ||

115. Asmaradana

1. Ngajêng kêdah dènkêmbani | saha kêdah kinêrêpan | krècèganipun dialon | têngah dipunkothonganadipun kothongana. | wingking mung katempelan | ing camêthi ywa ginêbug | yèn misih mrêdêng kewala ||

2. Langkung kinêmbanan malih | wuri aywa tinempelan | mangka mêksa pamrêdênge | malah ginêbaga ingkang | asru karosèng nala | nanging punika ing ngayun | myang têngah kèkêmbanana ||kakêmbanana.

3. Supados sagêde tampi | pangrèh makatên punika | mung murih sarèha tyase | yèn wus ajêg sirigira | myang bagus pinarisan§ Prayoginipun / pinariksan. | lajêng karêntêt punika | utawi karindhikêna ||

--- 2 : 99 ---

4. Kalawan makatên malih | kaangkaha sagêdira | sarêng aywa kêmba tinon | yèn wus ajêg rêntêtannya | pan lajêng kaangkaha | sagêd nênun sirigipun | yèn wus ajêg kajujuta ||

5. Supados mèdharirèkimêdharirèki. | tuwin alus ingkang congklang | yèn wus ajêg pamêdhare | lajêng katênuna kadya | panênun sasirigan | Mas Cêbolang tanya arum | punapa sampun palastha ||

6. Madiaswa mèsêm angling | punika sawêg satêngah | taksih panjang pratingkahe | wawi sinambi nyamikan | angoyog-oyog uwang | wus nyambi sawontênipun | ki wisma nglajêngkên sabda ||

7. Yèn tênunanipun asirig |Lebih satu suku kata: Yèn tênunanipun sirig. myang mêdhar ajêg tan kêmba | lajêng kalojo kemawon | nèng margi kêncêng warata | myang têbih sawatara | sadangunipun kalaju | mung kaangkaha sirignya ||

8. Saha wêdharnya utami | sandêre kanang turangga | makatên katêrangane | sadangunya sasirigan | wus têbah sawatara | lajêng kasandêrna gupuh | sadangunipun kawêdhar ||

9. Yèn wus sawatawis têbih | kaêndhêga wêdharira | supados nyiriga manèh | sadangunya sasirigan | sawatawis wus têbah | lajêng kasandêrna gupuh | kadi kang kasêbut ngarsa ||

10. Makatên salajêngnèki | ngantos samantuke pisan | mênggah pangrèhe kang kados | kasêbut ngajêng sadaya | dene paedahira | apurih sagêde gambuh | amêdhar saha sirignya ||

11. Nandukkên pangrèh turanggi | iangkang makatên punikaLebih satu suku kata: ingkang makatên punika. | katindakna ping katrine | tuwin ing catur rambahan | titi pangrèhing kuda | wêdhar sirig gambuhipun | tangkêping sirig titiga ||

12. Babar lêpiyan sawarni | (ng)gih punika kapal ingkang | sukunya ngajêng wingkinge | sami saenya kang trajang | suku ngajêng sumêblak | suku ingkang wingking nyaruk | utawi akicat-kicat ||

13. Bintulu kang kaping kalih | punika ingkang trajangnya | mung suku wingking kemawon | ing ngajêng lampahnya dhandhang | Kaprabon kaping tiga | suku ngajêng trajangipun | ukêl parigêl rêspatya ||

--- 2 : 100 ---

14. Dene suku ingkang wingking | lampahnya punika dhandhang | wus jangkêp katri warnane | Mas Cêbolang lon lingira | bilih ngamungkên têngah | tan kacêkap èstunipun | kêdah kanthi linampahan ||

15. Tuwin dipun kulinani | mênggah watêkaning kuda | punapa sami kemawon | Madiaswa mèsêm nabda | punika kasinggihan | kêdah mangêrtos rumuhun | sarta kêdah linampahan ||

16. Kapal punika pinasthi | gadhah watêg pyambak-pyambak | wontên ingkang pangangkahe | kêdah wiwit saking lampah | (n)jojog nyongklang adheyan | salah satunggal puniku | kêdah tinurut sakêdhap ||

17. Nanging yèn wus mituruti | pikajênganipun kapal | mung sawatawis dangune | inggih lajêng katandukan | pangrèh kang wus kawêdhar | amung mênggah tumrapipun | angangkah kang manah kathah ||

18. Tuwin watêking turanggi | punika kêdah kaangkah | saking pangarêm-arême | margi yèn tan katandukan | pangrèh ingkang mangkana | manawi ngantos kalantur | muntap manahe turangga ||

19. Saèstu angèl nglangkungi | ngrêkaoskên ingkang numpak | bilih bantêr myang muntape | saking kèhing panggraita | punapa dene ingkang | kapal kirang manahipun | èstu kenging katandukan ||

20. Pangrèh pamêngkuning dhiri | utawi ing pamisesa | pramila kêdah waspaos | pratitis panitikira | dhatêng watêking kapal | ing satunggal-tunggalipun | aywa ginêbyah kewala ||

21. Manawi badhe mangungkih | ngangkah sagêde adheyan | kêdah gêsang tatangsule | kanat-nêtakên kalawan | kapêpêg aywa kêmba | tansah winanton ing pungkur | ing têngah kêdah lumampah ||

22. Makatên salajêngnèki | kaingsad-ingsêd ywa kêmba | ngantos sagêd adheyane | dene lampah kang winastan | pandhapan (ng)gih punika | rêntêt ing adheyanipun | mênggah pangrèh saha ngangkah ||

--- 2 : 101 ---

23. Sagêding pandhapan sami | kados angangkah adheyan | ananging wontên kaote | yèn adheyan kinathahan | pandhapan kinirangan | kathah kirang wardinipun | nênggih manahe turangga ||

24. Manawi ngangkah sagêding | lumampah winastan dhandhang | kêdah srana linampahke | malang ing ngajêng kasangga | ing têngah kinêrêpan | kaingsad-ingsêd lumintu | dene wingking winantonan ||

25. Makatên salajêngnèki | ngantos sagêd mlampah dhandhang | nanging punika kapale | kang pinrih lumampah dhandhang | kêdah ingkang wus limpad | jangkêp kasagêdanipun | myang wus kèh gambuh ing tingkah ||

26. wontên malih kang ngèmpêri | kadi lumampah andhandhang | ran lampah angun-angune | manawi botên angangkah | sagêdipun lumampah | kang winastan Angun-angun | punika ing ngajêng kêdah ||

27. Kêrêp kaosikkên tuwin | kaingsad-ingsêd ing têngah | wingking tinèmpèl têmbunge | tarajange kang turangga | inggih sairib kadya | lumampah dhandhang puniku | sanèsipun ingkang lampah ||

28. Angun-angun tamban ririh | lampah dhandhang wau cukat | kaliyekalihe. pinarlokake | apan anunggal surasa | alus kalawan wadhag | mênggah ing wawatêkipun | lampah ngun-angun punika ||

29. Minangka sarananèki | amintêrkên kaèngêtan | -ning kapal kasagêdane | pramilane kapal ingkang | sampun gambuh ing lampah | kakalih kasêbut wau | nadyan mlampaha kewala ||

30. Manawi ingkang numpaki | sumêdya anyirigêna | tan susah kaosikake | tamtu gya nyirig piyambak | kenging binasakêna | sagêd nampèni puniku | sakarsane ingkang numpak ||

--- 2 : 102 ---

116. Durma

1. Sêkar Durma bab pangangkahing turangga | kalangkung angèlnèki | wit saking bandholnya | myang wangkoting praya | kalawan anjondhil-jondhil | dipun prayitna | makatên pangrèhnèki ||

2. Ngangkah kapal kadi kang kasêbat ngarsa | punika ingkang pasthi | kêdah kawêngkuwa | utawi kawasesa | ing tyas ywa kataman ajrih | angrodapaksa | myang (ng)gêbag kang sru titis ||

3. Ingkang ngantos sagêt nuwuhkên graita | tampining pangrèhnèki | lamun wontên kuda | datan kenging kaangkah | sangêt anggènnipun (n)jondhil | glarap anglumba | utawi nyêbat-nyêbit ||

4. Kuda ingkang agadhah meda mangkana | punika pangrèhnèki | pan kêdah sarana | karêbahkên kang kuda | makatên patrapirèki | sadangunira | tinanduk pangrèhnèki ||

5. Kapal lajêng asangêt panjondhilira | gya katêtaha aglis | panggêbag kang rosa | tyasira aywa wangwang | supados anjondhil malih | salêbêtira | anjondhil ingkang nitih ||

6. Nyarêngana malumpat kalayan nyêndhal | apuse kang turanggi | yèn nganan lumpatnya | apus kiwa sinêndhal | manawi malumpat ngering | apus kang kanan | apan sinêndhal aglis ||

7. De patrape malumpat saking turangga | yèn nganan lumpatnèki | asta ingkang kanan | ngasta tlongoping lapak | kêpadalla kang pramati | kangge lantaran | malumpatipun nênggih ||

8. Tangan kering nyêpêng apusira ingkang | sisih kiwa tumuli | apus cinêpênga | utawi sinêndhalla | manêngên pènyêndhalnèkipanyêndhalnèki. | bilih matumpatmalumpat. | mangiwa patrapnèki ||

9. Asta kiwa kang nyêkêl tlongoping lapak | asta têngên nyêpêngi | apus sisih kanan | sinêndhalla mangiwa | pangrèh kang makatên pasthi | mantun kapal kang | sangêt (n)jondhilirèki ||

10. Utawi kang tansah kathah medanira | sukur ingkang numpaki | kadugi ngrêbahna | salêbêtipun (m)bandhang | yèn pêngangkah kang kadyèki | kapal ginêbag | kang mangka purun (n)jondhil ||

--- 2 : 103 ---

11. Gya kasarêngana malumpat kalawan | anyêndhal tangsulnèki | patraping ngrêbahna | kadi kasêbut ngarsa | mila rêbahing turanggi | srana kaangkah | ing panjondhilirèki ||

12. (ng)Gih puniku kang gampil kalampahannya | Cêbolang turira ris | sawêg cariyosan | tyasulun ênar-ênar | was-uwas sangêt kuwatir | wawi lajêngna | bab pangrèhing turanggi ||

13. Madiaswa anglajêngakên carita | bilih wontên turanggi | kaêrèh mung nêdya | muhung mundur kewala | lajêng kaundurna aglis | kang ngantos sayah | sabên badhe nêgarri ||

14. Katindakna rumuhun mundur kewala | saksayahe turanggi | yèn wus kaêtrapan | tarekah kang kadyeka | kenging tinamtokkên pasthi | dènya agadhah | lêleda amantuni ||

15. Lamun wontên kapal sabên tinêgarran | angonclangkên kêndahlikêndhali (dan di tempat lain). | ing panyêpêngira | apus pan kasanggiya | kang inggilnya langkung saking | sakilan lawan | jajalaking turanggi ||

16. Saha kêdah kucêkipun kinêrêpan | patrap ngucêk kêndhali | kaucêkan lawan | lambene kang turaggaturangga. | ing sarat ingkang kadyèki | paedahira | ngicalkên lageyanning ||

17. Angonclangkên kêndhali lawan paedah | ngènthèngkên lambenèki | bab kapal ajrihan | manawi wontên kapal | ajrih dhumatêng wawêrnin | tuwin suwara | isaratipun murih ||

18. Sagêd mantun yèn ajrih kalawan grobag | myang sasaminirèki | sabên tinêgarran | bilih kapapag grobag | lajêng kacêlakna aglis | aywa kapêksa | saking sakêdhik-kêdhik ||

19. Bilih ajrih dhatêng swara pamirêngan | inggih dipun kêrêpi | kapyarsakkên swara | pundi kang kinajrihan | yèn wus kêrêp sarta lantih | ingkang kadyèka | pasthi gya mantun ajrih ||

20. Kapal ingkang gadhah kandhutan tan yoga§ Prayoginipun / tan yogya / = botên sae. | nyangkollakên kêndhali | makêm tuwin (n)dhangar | panyêpênging pusara | kang prayitna ngati-ati | sartane kêdah | katangsulan kakalih ||

--- 2 : 104 ---

21. Paedahnya bilih kapal ingkang gadhah | kandhutan tan prayogi | utawi ameda | sagêt nandukkên prana | pami anyangkol kêndhali | kang siji kiwa | apus kang sisih kering ||

22. Kaêculna apus kang têngên sinangga | yèn nyangkolkên kêndhali | ingkang sisih kanan | apus kang sisih kanan | inggih kaêculna ugi | apus kang kiwa | kasanggiya lir ngarsi ||

23. Lamun (n)dhangar punang tangsul kakêpyokna | manawi datan apti | nglêpèh tumungkula | kêndhali kacêpênga | katarik mangandhap sarwi | kucêk-ucêkna | lambene kang turanggi ||

24. Bilih makêm kêndhali kalèrègêna | manganan tuwin ngering | yèn mêksa tan arsa | nglêpèh myang nguculêna | gya kacuwakna manginggil | karèh mangkana | lajêng nêmpuh kang wajik ||

25. (ng)Gih punika ambandhang karsanya dhawak | ing sadangunirèki | (m)bandhang suku ingkang | kapal kasidikêna | yèn ngiwa pambandhangnèki | têgêse (m)bandhang | mangiwa sukunèki ||

26. Kiwa ingkang rumuhun tumindakira | apusira kang sisih | kiwa kacènènga | sarta kakêncêngana | yèn nêngên pambandhangnèki | apus kang kanan | kakêncêngana ugi ||

27. Bilih kapal katandukan kang tarekah | [...] |Kurang satu baris: 7i. [...] |Kurang satu baris: 6a. kang tamtu lajêng dhawah | karungkêp ingkang turanggi | nging saèstunya | pinlaur mandhêg aglis ||

28. Yèn wus kèndêl lajêng malih kabandhangna | saking karsèng kang nitih | sadangunya (m)bandhang | mawi dipun rangkèta | supados manahe tampi | ywa nganti darbya | meda ingkang tan yogi ||

29. Myang kandhutan damêl watir ingkang numpak | mênggah pambandhangnèki | ywa nganti kapêkak | kang mangka kèndêl dhawak | lajêng karangkèta malih | ingkang mirasa | sêmu pamuring-muring ||

30. Nanging ngajêng punika kakêmbanana | wardine dènkêmbani | kalowong apusnya | utawi kinêndhonan | ing têngah dipun kothongi | yèku kang numpak | tyas kêdah dèn kêmbani ||

--- 2 : 105 ---

31. Nadyan wau sru sangêt pangrangkètira | sayêkti datan apti | nêmpuh malih (m)bandhang | ambêgogok kewala | sarta gêrêng-gêrêng muni | lamun turangga | wus (n)dharêdhêg tan osik ||

32. Pangrangkètnya punika kakèndêlana | ing nalikanirèki | gya kawaspadakna | kang sampun kalampahan | sung sasmita kang turanggi | maring kang numpak | yèn ta sagêda angling ||

33. Pamintamba dhuh mugi katurutana | (m)bukaning pangrèhnèki | riwusnya mangkana | wau ingkang turangga | nulya tumindak pribadi | mawarna-warna | wontên ingkang lumaris ||

34. Ingkang (n)jojog adheyan miwah pandhapan | wêdharing sasmitadi | mênggah tumanduknya | ing pangêrèh sadaya | punika cihnanirèki | èstu tan ana | kapal kang botên kenging ||

35. Pinardi rèh kaajar dening manungsa | wontên pamêgarpanêgar. angling | nyariyoskên kapal | datan dados dandanan | margi karèh botên kenging | punika tandha | panêgar dèrèng wasis ||

36. Saha dèrèng paham kawruh mangrèh kapal | ingkang salugunèki | mênggah raringkêsan | minangka papathokan | badhe sagêd anêgarri | kêdah pawitan | ingkang kawan prakawis ||

37. Kang rumiyin kêdah apawitan Sura | Guna kang kaping kalih | Rêkasa ping tiga | Lara kaping sakawan | manawi kawan prakawis | anggalih wêgah | pucung kewala uwis ||

117. PocungTeks asli: Pucung.

1. Mas Cêbolang kalangkung sukaning kalbu | gumujêng alatah | wasana umatur aris | dhuh mintrèngsunmitrèngsun. mugi kaparêng nglajêngna ||

2. Aywa tanggung paran babaring pangawruh | bab pangrèhing kuda | Madiaswa lingira ris | (ng)gih prayogi ah sampun kèndêl kewala ||

3. Wedangipun kadangon akêmplung-kêmplung | dhadhaharan ngandhar | punika têmbung mubadir | mêsakakên wawi samirinakêtan ||

--- 2 : 106 ---

4. Dimèn enggar tyase aywa manggung suntrut | kang sinungan sabda | kalêgan angasta cangkir | minum wedang myang dhaharan sasukanya ||

5. Madiaswa anglajêngakên pitutur | bilih wontên kapal | sasampune dèntumpaki | mangka lajêng linampahakên tan arsa ||

6. Ambêgêgêg ingkang makatên puniku | ing pangangkahira | wusing nèng gêgêr turanggi | ywa ge-age linampahkên kang turangga ||

7. Nanging kêdah kaubêngêna rumuhun | nêngên tuwin ngiwa | yèn wus kalakyan kadyèki | apan lajêng kalampahêna kewala ||

8. Bilih tansah ambêgêgêg tan lumaku | lajêng kaundurna | sararane kang kêndhali | katarika gêntos manêngên mangiwa ||

9. Wusing mundur nuntên kaubêngna gupuh | kang sangêt kalayan | kagêbag asru patitis | sasampuning sawatawis ubêngira ||

10. Gya pinupuh myang ginêbrag ingkang asru | lajêng linampahna | tamtu datan nyulayani | amiturut sakarsanipun kang numpak ||

11. Wus tartamtu bêndanane mogok mantun | ing sanèsing wêkdal | manawi dipuntumpaki | anggadhahi laleda ingkang mangkana ||

12. Gya pinanduk ing pangrèh kadi kang uwus | ing tyas aywa wêgah | dènnira mangungkih pamrih | gantya kapal omah-omahên winarna ||

13. Saupami tinêgaran kapal wau | angambah ing ratan | kang wus nate dènpurugi | (ng)gok-enggokan twin wus nate-nate ngambah ||

14. lajêng kêdah menggak-menggok tan lumaku | kapal kang mangkana | amurih mantunirèki | sabên numpak mangka ngajêngkên dumugya ||

15. Ing panggenan kang kêdah mandhêg kudèku | gya katandukana | ing pangrèh sasênêngnèki | lawan kapal ulih-ulihên kadosta ||

16. Tinumpakan mantuke notol kalangkung | gya tinandukana | patrap kadi kang rumiyin | pramilanya kaangkah ingkang

--- 2 : 107 ---

mangkana ||

17. Awit kapal kang sampun klampahan èstu | sring kaslamur dera | nanggapi pangêrèhnèki | ing sadèrèngipun ical medanira ||

18. Sabên dipun têgarri bilih wus ayun | cêlak ing panggenan | kang (n)dadoskên sababnèki | utawine tinumpakan mantukira ||

19. (ng)Gih katandukana pangangkah lir kang wus | kacriyos ing ngarsa | makatên salajêngnèki | sampun kêmba ngantos mantunne bar pisan ||

20. Dene kapal kang dèrèng rampas saèstu | aywa tinandukan | pangrèh ingkang ngrêkaosi | margi ing sadèrènge rampas punika ||

21. Yèn kaangkah pancèn dede dhasaripun | sagêdnya priawak | dumuginya mêmpêng pasthi | lajêng bobrok utawi botên kaalap ||

22. Gantya wau bab Naga-rancak winuwus | bilih wontên kapal | ingkang mêntas dèntêgarri | myang kinitêr lajêng yogi cinarakan ||

23. Ingkang rêsik mênggah patrap kang kadyèku | ing sadangunira | kinitèr myang dèntêgarri | kacarakan kang ngantos ambal-ambalan ||

24. Awit kapal kang dènrèh sasirigipun | tuwin sasaminya | kang pancèn sanès aslining | lampahipun pyambak yèn datan klêrêsan ||

25. Têmahipun asring-asring damêl korud | myang konusing badan | ingkang makatên puniki | korud konus punika warni sakawan ||

26. Kang rumuhun korud badan wastanipun | lah inggih punika | kêra-langkêt kang turanggi | wus dilalah botên sagêt lêma-lêma ||

27. Kaping kalih akorud karosanipun | nuwuhakên meda | asring ambandhang pribadi | sabab sampun sayah maksih dènsêngkakna ||

28. Ing wasana umijil ing dhosonipun | meda warna-warna |

--- 2 : 108 ---

nyulayani lan kang nitih | tan darana satêmah lajêng ambandhang ||

29. Ingkang kaping tiga korud manahipun | punika turangga | tansah muyap driyanèki | jalarannya ngajêng sabên tinumpakan ||

30. Ping sakawan korud panggraitanipun | punika witira | ngajêng (ng)gènnipun nêgarri | tansah dipun osikakên supayanya ||

31. Nuntên-nuntên wêdaling graitanipun | tamahan dumadya | bibrah ing lampahirèki | myang bibrahing sakèh kasagêdanira ||

32. Milanipun nêgarri kapal puniku | adhuh sapintêna | (ng)gènnya nyêngkakkên wêdaling | panggraita supados tumuntên gadhah ||

33. Kasagêdan ingkang sarana tinanduk | pangrèh kawaskithan | ewadene parlu ugi | tansah mawi karêm-rêman manahira ||

34. Supayanya graitane aywa korud | carakan punika | dumadi sarananèki | èstu sagêd mantunnakên kapal ingkang ||

35. Anêmahi kados ingkang wus kasêbut | ing ngarsa sadaya | amila ingkang wigati | amarlokkên cinarakan kang turangga ||

36. Mangkya gantya bab Raja-nari winuwus | punika titikan | wêdaling manahirèki | saha malih wêdale kang panggraita ||

37. Yèn wêdaling manah myang graitanipun | saking pangosiknya | nèng têngah kang Raja-nari | bilih wêdalipun saking winantonan ||

38. (ng)Gih punika mênggah Raja-narinipun | wontên ing pungkuran | wus tamat kang Raja-nari | kanthi êbab ngabah-abahi turangga ||

118. Kinanthi

1. Gantya wau kang winuwus | ngabah-abahi turanggi | prayogi nèng jro gêdhogan | patrapira kang rumiyin | kinêndhalèn pangêrokan | gya cinancang nganan ngering ||

2. wontên ta upamènipun | badhe dèn-abah-abahi | kang krisik angganing kuda | salebrak kapasang mathis | mênggah têpining salebrak | kang ngajêng tumumpang munggwing ||

--- 2 : 109 ---

3. Ing jajalak yèn wus munggah | lêrês unggah udhunèki | miwah ngajêng wingkingira | lapak pinasangan aglis | tumumpang nèng têngah slebrak | anulya dipun ambêni ||

4. Kang kêncêng pamanthêngipun | gya pasang pus buntutnèki | nulya pasang apus dhadha | rampunge kasêbut ngarsi | lambe nulya cinarakan | taracak kinumbah barsih ||

5. Riwusnya makatên laju | rinucat ponang kêndhali | pangêrokan sinantunan | kêndhali ingkang pinasthi | kaenggokakên turanggi | yèn apus wang wus rinukti ||

6. Mangkana kêndhalinipun | kalêrêsna kang prayogi | tumuntên kaêtrapana | apus kanan miwah kering | mila kantun pamasangnya | timangan ywa nganti kwalik ||

7. Dene inggah udhunipun | kêndhali ingkang prayogi | kaangkaha gonggangira | mung sajêmpol winatawis | ewa samantên (ng)gih datan | kenging tinitamtu awit ||

8. Manut cocondhonganipun | cêkak tuwin landhungnèki | kêndhali pamasangira | gumantung nèng patitising | panitikipun kang numpak | mênggah kacihnanirèki ||

9. Turangga kêndhalinipun | ingkang kêdah dèncêkaki | ingkang mangka linandhungan | saèstu tan condhong ati | cathuk-cathuk tan tumanja | dene kasok wangsulnèki ||

10. Bathothot adrênging kayun | ngungsêd-ungsêd tan saririh | kapal tumpakan punika | pamasange kang kêndhali | ing sasagêd-sagêd kêdah | kang dados condhonganèki ||

11. Ngabah-abahi wus rampung | yèn badhe ngêdalkên saking | ing gêdhogan kêdah ingkang | sarèh rèrèh ngirih-irih | sarta malih kinarunga | ywa grusa-grusa giniring ||

12. Amargi yèn grusa-grusu | asring nuwuhkên tan yogi | manahe ponang turangga | mênggah ing panimbang mami | angrèh kuda lan wanita | sabarange sami ugi ||

13. De kêndhali jawi wau | kang rangah awarni kalih | wontên ingkang wunènira | cacah kalihwêlas tuwin | nêmbêlas ing sasisihnya | dene kang nêmbêlas sisih ||

--- 2 : 110 ---

14. Winastan Buntala iku | mênggah kalinge kêndahlikêndhali. | kang minangka sasambêtan | apan Pakêm wastanèki | dene kang angsal gêlangan | Bungkul wastanipun nênggih ||

15. Panjang cêlaking kêndhangsul | inggih wontên pedahnèki | amargi kapal punika | condhonging tyas datan sami | wontên lèrèg condhongira | wontên rujuk dènslikêki ||

16. Yèn mring lèrèg condhongipun | kang mangka dipun slikêki | punika dadya jalaran | awrat lambene turanggi | dene kosok-wangsulira | nuwuhakên monyar-manyir ||

17. De gêlangan dhapuripun | punika kakalih warni | ingkang namung agiligan | Lus-lusan wastanirèki | dene kang gêlit-gêlitan | kalenthangan dènwastani ||

18. Mênggah ing babing kêndhangsul | kang tumrap kangge ngajari | kapal kang ènthèng lambenya | utawi kapal kang taksih | anèm sawêg bibar rampas | dèrèng rampas langkung malih ||

19. Punika kêdah kang kêthul | (ng)gih punika wunenèki | kapapakana sadaya | ingkang ngantos mèh waradin | botênipun kapapakan | kablêbêda kang waradin ||

20. Kalawan sinjang puniku | wunèn amung katon mingip | nging punika tambêl-bêtah | wus tamat babing kêndhali | ing mangkya gênti winarna | anênggih babing camêthi ||

21. Utawi winastan têmbung | kang wus mupakat kinardi | datan liyan saking rotan | inggih punika panjalin | sawlas kêpêl panjangira | wujudipun kalih warni ||

22. Tamparan sawarninipun | giligan sawarni malih | sanadyan ingkang giligan | pucukipun kêdah mawi | sinambêtan têtamparan | mung sakilan winatawis ||

23. Saha tatamparan sinung | bundêlan gangsal utawi | nênêm prênthil cacahira | mênggah paedahirèki | camêthi mawa bundhêlan | ginêbagkên langkung sakit ||

24. Katimbang lan kang tan sinung | bundhêlan sakit kang mawi | anjawi saking punika | wujud tumraping camêthi | mawèh sêmu datan kêmba | pucuking tamparan mawi ||

--- 2 : 111 ---

25. Sinungan rênggan jêjambul | mênggah cacêpênganèki | sakarsane dènnya ngrêngga | pinaponthang-ponthang saking | mas suwasa myang salaka | dene panjange camêthi ||

26. Kajawi miturut ukur | inggih kêdah-kêdah mawi | mawang lan kang tinitiyantinitihan. | pinantês agêng lan alit | bab camêthi sampun tamat | prayogi kèndêl rumiyin ||

27. Sampun dangu anggadêbus | bilih botên dènsêlani | ngunjuk wedang dhadhaharan | têmah kêtulên sayêkti | Mas Cêbolang latah-latah | wus samya ngunjuk nyênyamik ||

28. Mas Cêbolang aris matur | ulun mirêng srêming-srêming | bab srandunipun turangga | ugi wontên kang pinilih | sami andarbèni watak | pinêndhêt ingkang prayogi ||

29. Madiaswa lingira rum | adhuh mitraku wong sigit | de tan ana kaliwatan | dalah sranduning turanggi | dadak prêlu tinakokna | lêrês inggih pancèn mawi ||

30. Kalamun sagêd pikantuk | punika langkung utami | mangkya sranduning turangga | kula pêndhêtakên saking | dèntawyanjana awit ha§ Aksara Jawi: / [ha] /. | aksara ba§ Aksara Jawi: / [ba] /. kang mungkasi ||

31. Ilu ingkang gêtas pingul | watêg ènthèng lambenèki | ilat alit gilig watak | burus lana manahnèki | untu alit rêntêt rampak | pucuk mêdal sawêtawis ||

32. Utawi kang (n)dêngkèng pucuk | ugi mêdal sawatawis | manjing dhatêng kabagusan | tuwin burus manahnèki | têbih maring nora lana | irung kang angukêl pakis ||

33. Manjing kabagusan namung | idêp rêmpêg jajarnèki | tuwin ingkang alêlamban | watak têtêg ing tyasnèki | uwang kalimis gobogan | tumrap kabagusan naming ||

34. Ula-ula ingkang wangun | amapah-pisang utami | saha gilig tosanira | watak sakeca kang nitih | iga ingkang upih-mayat | manjing sêmbadaning warni ||

35. Andhêman kang kiyal kêdhut | anyangkêrut kanan kering |

--- 2 : 112 ---

punika watêke rosa | ugêl-ugêl dhapur kadi | gagang waru watakira | sakeca tumpakanèki ||

36. Tuwin bagus warninipun | unyêng-unyêngan kang mungging | ing cêthak unyêngnya ngiwa | watak burus manahnèki | ha§ Aksara Jawi: / [na] / [Semestinya: aksara ha, bukan na]. kapungkur na§ Aksara Jawi: / [na] /. tan ana | aksara ca§ Aksara Jawi: / [ca] /. kang winarni ||

119. Pangkur

1. Coblong ingkang bundêr sarta | lêbêt lêkok punika amung manjing | dhatêng kabagusanipun | caturnya ingkang lancap | kang ran catu lambe nginggil ingkang pucuk | kalêbêt ing kabagusan | myang watak graita lantip ||

2. Cêthak lêbêt kang lêkokan | inggih manjing mring kabagusan naming | cêthik kang inggil puniku | pandhukulipun apan | manjing dhatêng sêmbadane ingkang wujud | calung gêng gèpèng kêncêng pan | watak rikat plajêngnèki ||

3. Kang ran calung wit wadidang | têkèng dhêngkul calung namanirèki | calakuthikan puniku | kang lêbêt watakira | trajang sae miwah ènthèng junjungipun | ingkang aksara ca têlas | aksara ka§ Aksara Jawi: / [ka] /. kang gumanti ||

4. Kuping kang muluh katigas | myang kapancas mung sabagusing warni | kuncung kang ngumala mawur | bantêr kèh manahira | kêndêl kadi dene ulêripun jêdhung | watake ènthèng lambenya | sarta bagus warnanèki ||

5. Kulit kang tipis anglamat | saha ingkang kandêl dagingirèki | watak bantêr manahipun | kutis mandhukul mayat | murungakên sêmbadaning wujudipun | konthol pindha manggis lawan | ingkang dhapur ngalak ambing ||

6. Lir kalak ambing wohira | rosa kuwat watake kang turanggi | kalèn lêbêt lêkokipun | sarta kapara panjang | pan titiga punika wawatakipun | sapisan inggil junjungnya | plajêng rikat warni sigit ||

--- 2 : 113 ---

7. Kucur kang anguku Bima | muhung dhatêng kabagusaning wajik | klêmpung kang bêdhadhag amung | klêbêt bangsa sambada | ka wus têlas aksara ta§ Aksara Jawi: / [ta] /. kang tumanduk | tlapukan kang kandêl apan | klêbêt kabagusan aming ||

8. Têpakan kang tipis wrata | saha ingkang dhapur macucal aking | watak kumrisik tyasipun | myang sae warninira | têpak hyang jèjèr tanpa lèbèr iku | marang gusi watakira | ala mamanahirèki ||

9. Tatiyang ingkang ajajar | ugi watak tulus manahirèki | têpak mayat saha agung | watakipun arosa | tur sêmbada tuwin bagus warninipun | tunggarana agêng sarta | kadi sirah têkèk warni ||

10. Punika watake rosa | taracak kang nanjung-capurinèki | sarta alus sêratipun | watak rikat plajêngnya | tuwin bêtah tur sae kang warninipun | kang aksara ta wus têlas | aksara sa§ Aksara Jawi: / [sa] /. kang gumanti ||

11. Suri tipis mawur wrata | watak bantêr manahira kumrisik | sirah kang cêlak saha gung | manjing mring kabagusan | siyung ingkang basan dawêg agêngipun | watak burus manahira | silit kang mapan prayogi ||

12. Muhung mring sae kang warna | supit ingkang rapêt watakirèki | awèt ing karosanipun | kang ran supit punika | lêdhokaning tracak sangandhaping kucur | suku ngajêng kang anjalma | bagus kawujudanèki ||

13. Aksara sa sampun têlas | mangkya gantya aksara wa§ Aksara Jawi: / [wa] /. winarni | wulu ingkang tipis alus | saha kang mandhês gilap | watak bantêr kumrisik warnanya bagus | wangkong ingkang radi wiyar | manjing kabagusan aming ||

14. Wayang kêngkêng tipis apan | watak rosa myang kabagusan manjing | wiron ganjil etangipun | watak burus manahnya | kang ran wiron punika ingkang (n)jangkêrut | kiwa têngêning andhêman | wadhuk kang (m)bêdhadhag manjing ||

15. Dhumatêng ing kasambadan | wadidang kang wangun bengkoking [beng...]

--- 2 : 114 ---

[...koking] arit | manjing kabagusanipun | aksara wa§ Aksara Jawi: / [pa] / [Semestinya: aksara wa, bukan pa]. wus têlas | kang aksara pa§ Aksara Jawi: / [pa] /. mangkya ingkang winuwus | praya (ng)gih punika ulat | kang anjênggurêng prayogi ||

16. Nging kang sarèh sêmunira | watak lana manahe mitayani | pacêt gilig alit namung | manjing bagusing warna | pathak ingkang waradin myang wiyar amung | manjing maring kabagusan | pasunira ingkang kadi ||

17. Mungkal-gêrang amung marang | kabagusan pancadan kang mandhikil | manjing sêmbadaning wujud | tanapi kabagusan | pipi ingkang kaduk kandêl dagingipun | murugkên pantêsing warna | pundhak ingkang landhung manjing ||

18. Muhung dhatêng kabagusan | pupunira ingkang amukang gangsir | ugi bagus warninipun | purus kang agêng cêlak | watak rosa mung bantêr palayunipun | palintangan ingkang wiyar | watak panjang umurnèki ||

19. Pusêr têbih lan purusa | watakipun bêtah plajêngirèki | aksara pa sampun atus | aksara ja§ Aksara Jawi: / [ja] /. winarna | jêngku ingkang kados cupu warninipun | manjing dhatêng kabagusan | jalak ingkang dhapurnèki ||

20. Lir gigir kintêl punika | watak rosa juluking inggilnèki | anglangkungi jalak wau | manjing sambadèng warna | jiling ingkang mandhikil kalêbêt bagus | jompong ingkang agêng panjang | manjing sambadaning warni ||

21. Janggut ingkang dhapur jangkang | manjing dhatêng kabagusaning warni | janggêl ingkang panjang agung | myang gèpèng watak rosa | aksara ja wus têlas ga§ Aksara Jawi: / [ga] /. kang winuwus | gusi kang wradin wataknya | aburus manahirèki ||

22. Gulu ingkang wiyar ngandhap | nginggil gilig bagus sambadèng warni | garês kang malira wujud | watak cukat trajangnya | tuwin rikat tarampil palajêngipun | gêcog kang (n)dalêjêr panjang | apan rosa wataknèki ||

--- 2 : 115 ---

23. Galêng kang (ng)galigir rosa | gandhik ingkang kiyal pan rosa ugi | ingkang aksara ga§ [ada tanda catatan kaki tetapi tidak ada referensi]. sampun | aksara ba§ [ada tanda catatan kaki tetapi tidak ada referensi]. pungkasan | bangar ingkang wiyar bêtah plajêngipun | myang bagus bangar punika | lèngipun irung kêkalih ||

24. Bungur kang ginrayang kadya | cucal garing rosa watakirèki | bobat kang kêngkêng puniku | manjing dhatêng karosan | bokong ingkang nyangkok imbaning kang dhapur | utawi lir cangkok maja | muhung mring bagusing warni ||

25. Buntut ingkang mapah-pucang | watakipun lana manahirèki | wus tamat sarandunipun | kapal kang pinilala | Mas Cêbolang umatur kalangkung nuwun | mênggah ulêsing turangga | ingkang kalêbêt utami ||

26. Myang manggoning prabotira | Kyai Madiaswa lingira ris | ulêsing turangga amung | abrit cêmêng utama | dene prabot pyambak-pyambak manggènnipun | mênggah praboting turangga | kang abrit mangkya winarni ||

27. Suri ingkang tipis pêra | wulu pandhês tipis kulitirèki | kukuncung ngumbala mawur | buntut ingkang tan kathah | utawi kang kapara sarang puniku | tracak nanjung lus sêratnya | bêbalungipun kang alit ||

28. Prabotipun kapal krêsna | kuncung kêmpêl (n)dalojor surinèki | kandêl (n)dlojor kêmpêl patut | buntut amapah-pucang | wulu gropok kandêl kêndho kulitipun | taracak cèpèr sêmbada | agêng bêbalunganèki ||

29. Silih asih ing dandosan | tuwin ulêsipun ingkang turanggi | kapal abrit prabotipun | ingkang dados pêthingan | gangsal kuncung suri kulit tracak wulu | mung kakalih kapal krêsna | buntut lawan balungnèki ||

30. Mênggah katêranganira | kapal ingkang pilihan prabotnèki | kuncung kang ngumbala mawur | suri kang tipis atap | wulu pandhês atipis kukulitipun | buntut dhapur mapah-pucang | kang agêng babalungnèki ||

31. Tracak kang alus sêratnya | dhapur nanjung jangkêp kasapta warni | mila kapêndhêtkên iku | silih asih jalaran | saupami kapal

--- 2 : 116 ---

punika anamung | kadunungan dandosannya | amaligi kapal abrit ||

32. Tamtu tan burus manahnya | saha bantêr karosan tan (n)darbèni | bilih kadunungan namung | dandosan kapal krêsna | pasthi kirang manah saha sangêt cubluk | manawi dandosannira | sagêd jangkêp silih asih ||

33. Kadi kang kasêbut ngarsa | ingkang tamtu bagus warnanirèki | sarta burus manahipun | ajêg karosanira | kasêmbadan kabagusaning kang wujud | ingkang angsal papêthingan | saking ing kawan prakawis ||

34. Kang rumiyin saking pada | kalih raga jangga ingkang kaping tri | wadana jangkêp ping catur | bab raosing tumpakan | kapal ingkang lana myang graita tuhu | utami utawi rosa | punika saèstunèki ||

35. Sakeca tumpakanira | dhuh mitrèngsun mung kantun saprakawis | inggih punika bab ukur | Cêbolang angrêrêpa | aywa tanggêl nyuwun babarpisanipun | Madiaswa mêdhar sabda | yèn badhe ngukur turanggi ||

36. Kêdah mawi srana tampar | ukur sanga patrapira winarni | ingkang dènukur rumuhun | gêl-ugêl lan suku ngarsa | ingkang têngên katêpusa gathuk têpung | lajêng katêkuk-têkuka | kaping sanga kathahnèki ||

37. Wusing katêkuk ping sanga | gya kaukur wit saking tracak ngarsi | manginggil pangukuripun | dumuginipun jalak | lamun langkung prakalihwêlas linangkung | yèn langkung sapara sanga | punika kirang prayogi ||

38. Ukur sambada winarna | wit ujunging catu lajêng manginggil | dumugi jojompongipun | tumuntên kalajêngna | turun maring sanginggiling surènipun | sadumuginipun jalak | lajêng katurunkên maring ||

39. Ula-ula linajêngna | dumugi ing pucuking janggêlnèki | pangukur bilih wus rampung | gya kasampirkên jalak | bilih sagêd langkung saking suku ngayun | kiwa têngên kang prayoga | sambada bilih nêtêpi ||

--- 2 : 117 ---

40. Yèn cupêt awon yêktinya | kapal jigrang punika dènwastani | wus tamat sadayanipun | (m)bakayu-jêngandika | tiyang èstri dènnya sasaji wus rampung | lah sumangga sami dhahar | ngêlih ulun (ng)gêgirisi ||

120. Girisa

1. Cêbolang matur sumangga | wus linggar saking pandhapa | pinarak têngahing wisma | parigêl Nyi Madiaswa | angladosi tamunira | ki wisma ngling (ng)gih punika | warnane (m)bakyu andika | sawêg awêwêka tiga ||

2. Andhêku kang sinung sabda | norraga aris turira | (m)bakayu wus lami kula | têpang lawan raka-(n)dika | sawêg samangke pinanggya | kalawan jêngandika |Kurang satu suku kata: kalawan ijêngandika. sampun kirang pangaksama | mring pun pêkir kawlasarsa ||

3. Nyi wisma mangsuli sabda | punapi rinasakêna | tyang wus ingakên sudara | lawan raka jêngandika | adhi sampun mawi taha | Cêbolang sru panyuwunnya | wus wawanting kalihira | gya nadhah langkung mirasa ||

4. Rahab nutug sawusira | dumugi gya cinarikan | wowohan lumadyèng ngarsa | wawi punika mangsêgan | andhêku kang sinung sabda | gya ngambil sasukanira | Cêbolang ris atêtanya | mênggah ingkang pangandika ||

5. Kathah kang dèrèng uninga | basan driji têngah gêsang | Angarêm-arêm punika | Ganda-kasilir myang Buntar | kaosikkên winantonan | amêr-amêr kinathahan | imbal sêrêg rêsik dêgnya | kacêngèr myang kinothongan ||

6. Sêrêng myang lumampah dhandhang | kasanggi kêndhali onclang | nyangkol kêndhali andhêngar | makêm kacawuk sasmita | kacaraki monyar-manyir | tuwin kang ran palintangan | kadiparan wardinira | utawi katêrangannya ||

7. Madiaswa sung wangsulan | lêrês punika babasan | èstu awis ingkang wikan | manawi botên jinarwan | piniyagah nora kopram | bilih tiyang dèrèng atam | mênggah punika babasan | makatên ingkang katrangan ||

--- 2 : 118 ---

8. Dariji ing têngah gêsang | angolah-ngalih pan angsal | Angarêm-arêm punika | sarana tan katandukan | pangêrèhe kang turangga | Ganda-kasilir punika | cêmêthi sarananira | pinolahkên ywa tumiba ||

9. Ngajrih-ajrihi kewala | lênggah Buntar patrapira | kapara wingking punika | kaosikkên kajêngira | tangsulipun ingkang kêdah | kaobahakên kalawan | kêrêp kaoyog kang badan | kadhêdhêg myang kawantonan ||

10. Kawantonan wardinira | dipun camêthi punika | amêr-amêr panyêpêngnya | apus kêncêng madyanira | dipun kathahi têgêsnya | punika kang kinathahan | manahe punang turangga | sarananya ingkang numpak ||

11. Amêrdêngkên manahira | utawi anggadhahana | raos sêtya murih praya | plajêngipun kang turangga | imbal lampah grago jarwa | sêrêg punika bocongnya | kang numpaki amingsêda | mangajêng têrusing nala ||

12. Rêsik andhêgnya punika | andhêg ingkang grêg kewala | kacêngèrakên punika | dipun sêngkakkên têgêsnya | dipun kothongi kajêngnya | punika manahing kuda | binudi kakothongana | kinêmbanan sarananya ||

13. Sêrêng punika sirignya | kapal tingalipun rikat | nanging rindhik sayêktosnya | lampah dhandhang punika |Kurang satu suku kata: alampah dhandhang punika. ingkang sukunipun kapal | ngajêng wingking cuthat-cuthahcuthat-cuthat. | pramilane winastanan | lumampah dhandhang mangsudnya ||

14. Andhandhang angarsa-arsa | pikajêngnya kang anumpak | yèn sêdya kasirigêna | inggih lajêng nyirig dhawak | yèn nêdya kasandêrna |Kurang satu suku kata: yèn ta nêdya kasandêrna. (ng)gih lajêng nyandêr kewala | makatên sasaminira | basane wus nunggal karsa ||

15. Ngajêng kasanggi punika | nyêpêng apus kainggilna | angoncêlangkên kêndhalya | kêdah kalêpèh sarana | manthuk-manthuk kang turangga | nyangkol kêndhali punika | kacangkolkên ing êbamnya | cêngèr andhangak jarwanya ||

16. Makêm punika turangga | angingkêmi kêndhalinya | kacawuk yèku kasêndhal | manginggil payêndhalirapanyêndhalira. | suka sasmita

--- 2 : 119 ---

turangga | titikipun sasampunnya | karangkèt mêdal kajêngnya | gya mandhapan sasaminya ||

17. Anyaraki patrapira | kinocoran lambenira | klayan toya kang warata | gya ingusapakên karna | monyar-manyir lambenira | inggih tan ajêg punika | kang winastan palintangan | punika unyêng-unyêngan ||

18. Kang nèng ngajênging purusa | wus tamat sadayanira | Mas Cêbolang langkung suka | saha nuwun aturira | sarèhning sampun dumugya | kula nuwun palimanan | wangsul maring pamondhokan | sami kantuna raharja ||

19. Nyai wisma nulya mêdal | umatur ring tamunira | pun adhi bilih sêmbada | ngantosana sawatara | ulun damêl wedang kahwa | linilapan gêndhis klapa | punika sampun samapta | Cêbolang mèsêm lingira ||

20. (m)Bakyu iki dhasar bisa | anuju marang driyamba | saèstu atur kawula | sabên-sabên mêntas nêdha | kêdah ngombe wedang kahwa | bilih tan makatên kêmba | wedang wus lumadyèng ngarsa | kumêbul gambuh gandanya ||

121. Gambuh

1. Sawusira anginum | wedang kahwa Cêbolang umatur | sarêng sampun kasiraman wedang kopi | kang kalimput nulya thukul | nênggih kang dèrèng kacriyos ||

2. wontên tiyang amuwus | lambe kuda wolu warninipun | (ng)gandhul abot antêp gamoh èntêl§ Prayogonipun / etel / = atos, kadosdene ing Pupuh punika pada 6. gêmi | ènthèng mrayang jangkêpipun | kathah kang sami padudon ||

3. Paranta wijangipun | Madiaswa gèdhèg lingira rum | bêbasane si adhi anguras kwali | dalah kumute tan kantun | punika pamanggihingong ||pamanggih ingong.

4. Kang winastan puniku | lambe (ng)gandhul inggih patrapipun | lambe ngungsêt mangandhap datanpa kering | de lambe abot winuwus | kang (m)badal kêndhali noncong ||

--- 2 : 120 ---

5. Sirahnya datan (n)dhingkluk | nanging gêsang inggih basanipun | lambe antêp inggih ambadal kêndhali | sirah botên purun (n)dhingkluk | nanging cangkêm puguh yêktos ||

6. Lambe gamoh puniku | langkung sae pilihan saèstu | ingkang ènthèng purun nguculkên kêndhali | de lambe ètêl kang kêdhut | ananing ènthèng kemawon ||

7. Tur tinatonan purun | lambe gêmi punika winuwus | ingkang tipis gamoh tinatonan kenging | de lambe ènthèng puniku | nama myang raos wus jumboh ||

8. Mrayang pungkasanipun | lambe ènthèng tadhah datan purun | de kêndhali inggih kêdah angucali | kang rujuk lan lambenipun | (m)botên kenging carub awor ||

9. Kapal kang lambe (ng)gandhul | manah kirang landhêp graitèku | kêdah mawi kêndhali kang lênggang tuwin | ingkang awrat bobotipun | wunèn kang mulu sayêktos ||

10. Sêsêr cêkapan namung | sarungannya botên mawi brangus | pangangkahe ing têngah dipunkêmbani | dènrêrisi lambenipun | panyêpênge apus pêngkoh ||

11. Kasanggiya puniku | saking sakêdhik supadosipun | badhe sagêd lêga lambening turanggi | narik lêgane tyas tuhu | kapal anurut sapakon ||

12. Kapal wrat lambenipun | manah kathah kirang graitèku | lambe awrat puniku tigang prakawis | sapisan dhasaring tutuk | kêndhali kang ènthèng condhong ||

13. Sumadya landhêpipun | sêsêrira ingkang radi landhung | bilih awratipun wau saking gusi | kêndhali kang awrat kêthul | sêsêr kapara ngalokro ||

14. Manawi awratipun | saking ilat kêndhali kang kêthul | ingkang awrat sêsêr cêkak tumèmpèl ing | lambe de pêngangkahipun | têngah tambuh ngajêng tamboh ||

15. Pinèt salintiripun | tyasing kapal ywa dèn-grusa-grusu | wit lambene kapal wus tan pinarsudi | kantun (m)budi manahipun | lêga amanut sapakon ||

--- 2 : 121 ---

16. Yèn antêp lambenipun | kêdah ngangge kêndhali puniku | ingkang awrat lênggang landhêp wunenèki | raos antêp sababipun | kirang rosa suku nyleyor ||

17. Taracak ugi miyur | saha lambe kirang gamoh iku | pangangkahnya ing ngajêng kêdah sinanggi | dènrêrisi lambenipun | têngah winantonan gupoh ||

18. Wingking winantu-wantu | tinèmpèlan ing camêthinipun | ngirih-irih dènnya miluta mrih kenging | tyase kuda lêganipun | dadya miturut sapakon ||

19. Kang ènthèng lambenipun | manahira basane sumuruh | graitane winastan landhêp sayêkti | lambe manahipun gamuh | kêndhalinira kang condhong ||

20. Nèm ènthèng wunèn kêthul | ing pangangkah kêdah langkung alus | ngarah-arah arèrèh angirih-irih | sampun kuciwa ing sêmu | tyas sumèlèh ngatos-atos ||

21. Awit kapal puniku | wus kalêbêt sae manahipun | bilih lêpat ing pangangkah anjalari | badhe muyab manahipun | wurung dandosan sayêktos ||

22. Kang kirang manahipun | nanging landhêp graitannya muluk | lambe kandêl kêndhalinya kêdah milih | ingkang ènthèng wunèn mulu | panggakahnyapangakahnya. ngatos-atos ||

23. Dènrêrisi ing nyayunngayun. | de ing têngah dèn sêrêga muhung | wingking dipun tèmpèli kanang camêthi | nyarêngi lêganing kayun | narik mring lambe gumolong ||

24. Srat katuranggan sampun | nyêbutakên patrap kang kadyèku | basanipun katula tinali-tali | saèstu angèl kalangkung | ing pamrih sagêda golong ||

25. Kapal kang kirang kalbu | sumpêg sêbêl ing graitanipun | nanging lambe bêbasanipun agêmi | kêndhali kêdah kang kêthul | saha ingkang tanpa bobot ||

26. Mênggah pamanggihipun | ing panumpak ngajêng dèn-atambuh | de ing têngah tan kêndhat dipun wantoni | wingking pinêthil ing têmbung | tinaliti ingkang prabot ||

--- 2 : 122 ---

27. Sêsêr ywa cêkak landhung | sarungannya ingkang mawi brangus | adat sagêd lêga manahing turanggi | narik dhatêng lambenipun | puniku kang wus kalakon ||

28. Kapal kèh manahipun | panggraita kirang dhasar cubluk | lambe mrayang punika kêndhalinèki | ingkang awrat saha kêthul | binalêbêd sinjang amoh ||

29. Sêsêr tumèmpèl gathuk | maring lambe de pangangkahipun | ingkang numpak panyêpênge apusnèki | tumrape ing lambe amung | amêr-amêr sarta kukoh ||

30. Lênggahing badan anrus | kang sumèlèh myang sarèh tyasipun | pangangkahing lampah mung salah satunggil | botên kenging sontan-santun | yèn dèrèng sae sayêktos ||

31. Kapal kèh manahipun | graita kèh lawan manah tumbuk | nanging kirang landhêp ènthèng lambenèki | manahipun kirang gamuh | mênggah kêndhali kang condhong ||

32. Kang antêp saha kêthul | pangangkahe panumpak puniku | (m)botên kenging kawasa-wasa mrih gêlis | saking sakêdhik mèt kayun | sarênging sumèh trus batos ||

33. Bab lambe mung puniku | inggih adhi sasêrêpan ulun | Mas Cêbolang (n)dhêku aris aturnèki | kakang ing pangintên ulun | (m)bokmanawi wus tan mrojol ||

34. Saking wowolu wau | kalilana ulun lajêng mundur | maring pondhok ki wisma miwah kang èstri | ngatêr wangsul (n)jawi pintu | sung§ Prayoginipun / asung /. puja karahayon ||Kurang satu suku kata: asung puja karahayon.

35. Cinarita apan wus | lami dènnya amarsudèng kawruh | ing pangrèhing turangga marang ki Madi | kacathêt sajroning kalbu | sadaya sampun kagayoh ||

36. Sawiji dina nuju | nèng pondhokan Mat Têngara gupuh | aprasabên kakang kantuna ing panti | mumpung (m)botên wontên tamu | ulun sakêdhap yun mlancong ||

37. Seba ing uwa Juru | Pujangkara pêrlu nyuwun tuduh | badhe dêging rancangan griya puniki | ingkang sae dintênipun | Mas

--- 2 : 123 ---

Cêbolang lingira lon ||

38. Yayi bilih panuju | myang tan wontên ing pakèwêdipun | kula tumut sowan supadi mêwahi | antuk kawanuhan luhung | pra gêng sêpuh ahli raos ||

39. Ki Amat sukèng kalbu | kakang langkung prayogi saèstu | uwa Juru saking ing pangraos mami | bab etang-etang wus langkung | mila kinathik sang katong ||

40. Sanggyaning pra priyantun | bilih badhe akagungan parlu | tamtu nyuwun papetangan kang prayogi | dhumatêng pun uwa Juru | mrih lêstantun karahayon ||

41. Cêbolang malih muwus | wawi adhi kula èstu tumut | wus umangkat santri papat kang umiring | nèng ngênu datan winuwus | kèndêl ing pintu sang anom ||

122. Sinom

1. Kyai Juru Pujangkara | bakdane waktu Ngasari | angidêri têtanêman | sasêkaran warni-warni | nèng kiwa têngên panti | ginula-gula binatur | sêlane bêbaturan | ingurug karikil langking | pagêr luntas pinarak rampak-naracak ||

2. Wadone lumakyèng wuntat | sira Nikèn Pujastuti | lugas tan mawi rasukan | arimong kurasi kuning | lading alit cinangking | parêkan kalih nèng pungkur | ambêkta panadhahan | siji (m)bêkta talam alit | isi gantèn tumumpang anèng sap asta ||

3. Ki Juru angalap sêkar | sinungkên marang kang rayi | tinata nèng panadhahan | nulya mring kêbonan wingking | ngundhuhi kacang cipir | boncis kapri myang katimun | tanapi gêgudhangan | wangsul mring plataran malih | angundhuhi wowohan mawarna-warna ||

4. Antuk kalih panadhahan | Ki Juru ngandika aris | Nikèn sira sadhiyaa | saanane kang prayogi | aja anguciwani | kang patut kanggo susuguh | kèndêl dènnya ngandika | Ki Mat Têngara mangarsi | wusing cêlak Kyai Juru angandika ||

--- 2 : 124 ---

5. Jêbèng saka ngêndi sira | wangune kaya wigati | umatur Kyai Têngara | ulun muhung saking panti | pêrlu sowan mariki | akaliyan (m)bêkta tamu | pun kakang Mas Cêbolang | kula tilar wontên (n)jawi | Kyai Juru ngandika mring èstrinira ||

6. Nikèn wus sira muliya | banjurêna prentah mami | mêngko sabakdane Ngisa | ki tamu dak ajak bukti | lèngsèr Nyi Pujastuti | Têngara turrana gupuh | putraku Mas Cêbolang | ywa kadangon anèng (n)jawi | Mat Têngara mundur praptèng paregolan ||

7. Nulya ingirid mangarsa | santri catur tansèng wuri | praptèng plataran pinapag | mring Ki Juru gya kinanthi | sarwi nambrama manis | padha bêcik sira bagus | lami sun arsa-arsa | kowe mau saka ngêndi | kang liningan umatur pangèstu tuwan ||

8. Muhung saking pamondhokan | babasan kapasang yogi | wus lami ulun yun sowan | pun adhi wau sung uning | badhe sowan mariki | mila ulun lajêng klayu | nahênta pinanggiyan | nèng panti kilèn pêndhapi | dhapur kampung wetan kilèn ing èmpèran ||

9. Kori têngah trus pêngkêran | patamanan kilèn panti | têngah sinungan balumbang | ingongonan wadêr abrit | lalarèn angubêngi | sinung sidhatan mangidul | mring balumbanging langgar | binatur ing sela putih | toya wêning ganggêng mirut ngering nganan ||

10. Sri kawuryan piniyarsa | sauran ungêling pêksi | kang samya anèng sêngkêran | kadi sung pambage maring | ingkang anêmbe prapti | bêrkutut anduduk layu | dêrkuku putêr pêthak | blastêr dara gondhok Parsi | nori atat miwah pêksi cèh-ocèhan ||

11. Lir mamèrkên swaranira | sru sakeca piniyarsi | wus tata dènnira lênggah | sugata lumadyèng ngarsi | pasêsan gantèn wangi | pateyanpatehan (dan di tempat lain). pangiringipun | dhaharan rêrêmikan | Kyai Juru ngacarani | jêbèng kono saanane rinahaban ||

12. Andhêku kang sinung sabda | pasugatan dèntanggapi | minum wedang myang dhaharan | sinêlanan gantèn wangi | Ki Amat matur aris | gatosipun sowan-ulun | badhe ngadêgkên griya | nyuwun tanggal wulan ari | nuwun benjing punapa prayoginira ||

--- 2 : 125 ---

13. Ki Juru mèsêm ngandika | upama aja (m)barêngi | lan gawene (m)bakyunira | sasi Bêsar kang prayogi | ta besok bae kaki | Rabingulakhir sutèngsu | yèn wus cêdhak kewala | sira ngêlingêna kaki | Ki Têngara andhêku matur sandika ||

14. Ngandika malih ki wisma | marang ing tamunirèki | iki ranne kabênêran | sisan ulun asung uning | Bêsar ing ngarêp iki | manira yun amêmantu | ngomah-ohamkengomah-omahke. anak | wadon ran Rara Mustari | dhaup lawan Gus Samsu atmajanira ||

15. Ki Ngabèi Mangunarja | Kadêmangan ing Pangasih | lamun sira durung linggar | êndak purih angrawuhi | Cêbolang matur aris | sêndika langkung panuju | mênggah têmpuking karya | wontên ing dintên punapi | Ki Juru ngling sauwise bêdhol tumbak ||

16. Ing tanggal kaping pat-bêlas | Jumuwah Pon amarêngi | pêcak sawêlas ningkahnya | sorene bakda Mahribi | pangantèn banjur panggih | mung calimèn basanipun | mulane rinira Mat | anggone ngadêgkên panti | dakkon mundur dadi tan bêbèncèng karsa ||

17. Èh Ragaduta dandana | ngunjukna lapuran iki | (n)jujug Nyi Regol kewala | katur Nyi (ng)Gung ingkang tampi | sêrat wus dèntampani | Ragaduta nulya mundur | Cêbolang bêbêg ing tyas | nanging ayun matur ajrih | jroning minggu (ng)gagas badhe aturira ||

18. Raraosan lan Ki Amat | adêgipun wisma adhi | punapi mawi piliyanpilihan. | tan prayogi janji sasi | Ki Amat amangsuli | makatên saèstunipun | nanging kula tan wikan | kajawi matur kiyai | uwa Juru supadi têranging nala ||

19. Uwa punika pun kakang | atatanya dhatêng mami | masalah adêging wisma | paran katêranganèki | Ki Juru ngandika ris | adêging griya puniku | lawan tibane pangkat | pan padha petanganèki | mula lamun (n)jêng sultan arsa misudha ||

20. Sadurunge kalêksanan | dhawuh marang ingsun dhingin | mundhut palapuraningwang | dina sasi kang prayogi | lan lamun amarêngi | kagungan putra sang mulku | miyose atmajendra | uga ulun angaturi | pêpetangan atanapi pêpèngêtan ||

--- 2 : 126 ---

21. Kalamun ana grahana | kalawan teja kaèksi | lintang kumukus bahingrat | tibane laetulkadri | ulun banjur ngaturi | katrangan surat tinutup | mau gawe lapuran | arsa amisudha wrêsi | piyarsakna kang bêcik lawan kang ala ||

22. Iki lah mapan pratingkah | ngadêg-adêgakên nênggih | sabarang kang dènadêgna | bupati utawi mantri | miwah ta saliyaning | kaya ngadêgakên iku | ing wisma sapadhanya | miliya sasi kang bêcik | ingkang ala wajib sira singgahana ||

23. Kalamun sasi Mukaram | ala watêke tan bêcik | mapan manggung kasusahan | gêringan payah tan polih | ing têtamba tumuli | yèn ana durbala tulus | yèn apêpadon kalah | amung ngadêgkên narpati | ingkang bêcik liyane iku pan ala ||

24. Yèn ing sasi Sapar ala | singgahana nora bêcik | tan wurung lara kêsandhang | nanging tan tumêkèng pati | yèn nanandura bêcik | iya ing wit-witanipun | têngahan lan wêkasan | wurung lire nora dadi | tombok donya sirna nora ambarêkat ||

25. Ing Rabingulawal ala | agêringan wataknèki | miwah ta kapatèn garwa | yèn nênandur nora dadi | lan alanipun malih | kêrêp kadhêndhèng Hyang Agung | Rabingulakhir wulan | pilihan iku kang bêcik | ing sabarang iku kang ingêdêgêna ||

26. Mapan wahyune kapenak | sabarang prentahe dadi | barang karêpe katêkan | yèn pêpadon mênang ugi | ing sakarsanirèki | yèn nênandur pasthi tulus | lan nora na kandhêgnya | têkan êmas lawan picis | kang supangat (n)Jêng Nabi Nayakaningrat ||

27. Lan sapolahe rinêksa | dening Hyang Kang Maha Sukci | de sasi Jumadilawal | ala pan anggung prihatin | pêtêngan atèn nênggih | punika wawatêkipun | yèn apêpadon kalah | ananandur nora dadi | kikirangan rijêki dening Pangeran ||

28. Jumadilakir kang wulan | singgahana nora bêcik | akèh rijêki kang prapta | nora nganti dipun bukti | pan anggung dènmalingi | kasayaban ngangguripun | lawan kêrêp kadhêndha | sathithik sukaning kapti | apan kêrêp kasusahan ingkang manah ||

--- 2 : 127 ---

29. Ing sasi Rêjêb pan ala | arang sukane kang ati | mapan akèh dukanira | tininggal marang ing siwi | nênandur nora dadi | bawur angên-angênipun | tan antuk kang sapangat | (n)Jêng Nabi Duta sinêlir | yèn ing sasi Sakban punika utama ||

30. Sabarang kang dènadêgna | punika pan luwih bêcik | akèh rijêki kang prapta | tur sasi§ Prayoginipun / sami /. kalal binukti | kèdhêp parentahnèki | akèh wong kang apitutur | tur padha wèh manpangat | sabarang karêpe dadi | apan antuk kang sapangat Rasulollah ||

31. Salalahu-huwasalam | wulan Ramêlan tan bêcik | tansah kangelan kang manah | ing lair tumêkèng batin | manggung kinirang ugi | marang wong kang gêthing iku | akèh wong ingkang ewa | anênandur nora dadi | prayogane padha sira singgahana ||

32. Yèn ing sasi Sawal ala | tur bangêt (ng)gonne tan bêcik | ambarêngi prihatinan | akèh kang wong angewani | wong angalani malih | akêrêp kataton iku | tan kèdhêp parentahnya | anênandur nora dadi | pan ing wulan Dulkangidah watakira ||

33. Sabarang kang dènadêgna | pan asae wataknèki | apan manggung kinasiyan | mring sadulur anak rabi | myang sapêpadhanèki | atanapi mring wong sêpuh | anandur prayoga |Kurang satu suku kata: ananandur prayoga. mung sêdhêng petangirèki | pan ing wulan Dulkangidah iku watêknya ||Lebih satu suku kata: pan wulan Dulkangidah iku watêknya.

34. Akèh rijêkine prapta | êmas atanapi picis | saisine wismanira | tumêkèng laladanèki | tuwin prentahan sami | sadaya yêm manahipun | angsal ingkang supangat | (n)Jêng Nabi Rosulolahi | Salahu-wa-ngalai-hiwasalam ||Kurang satu suku kata: Salalahu-wa-ngalai-hiwasalam.

35. Tamat gantya palairan | petung sing nêptuning ari | winor nêptuning pasaran | duk rikalanira lair | kayêktènira ugi | mapan akèh cocogipun | nadyan ta sulayaa | mung sathithik kèh nocogi | pinurwa sing wêktuning dina pasaran ||

36. Kalamun kapanggih astha | lairira jabangbayi | bang-bang pring tur panas baran | watake pan rada drêngki | kurang marma kang

--- 2 : 128 ---

ati | akèh wong kang dènbarangus | rêmên padu wong ika | yèn nêpsu sok (m)bilaèni | wus kayêktèn yèn mangkono watêkira ||

37. Kalamun kapanggih sanga | lairira jabangbayi | watakira baranjalan | omah-omah asring ngalih | sabanira atêbih | amung ngungsèkakên gurung | kalamun duwe japa | watakira nora mandi | nora wawang wong agawe karusakan ||

38. Lamun kapanggih sadasa | lairira jabangbayi | antêng watake sambada | yèn winuruk anitèni | jêro nêptune§ Prayoginipun / nêpsune /. yêkti | abagus bisa mêrdhukun | tan rêmên tinakonan | juwèh-juwèh wong puniki | sumèh ulat trisna marang kadangira ||

39. Lamun kapanggih sawêlas | lairira jabangbayi | mapan barès tur pracaya | wani ngambah ing wêwêdi | kêndêl wani ngêmasi | rêmên wèwèh wong puniku | loma maring sasama | alane yèn nandhang miskin | sok calimut njupuk duwèking sasama ||

40. Kalamun kapanggih rolas | lairira jabangbayi | kurang narima ing titah | akèh pangarahirèki | kasmaran ing asinggih | èstri atanapi jalu | gampang ngupaya pangan | watakira kurang manis | omah-omah wong ika asring kelangan ||

41. Lamun kapanggih têlulas | lairira jabangbayi | rênyah pamicaranira | gungan kapati-pati |Kurang satu suku kata: ugungan kapati-pati. nanging atine bêcik | runtut rukun mring sadulur | tan darbe napsu ala | bêtah mêlèk enggal mukti | yèn nyudagar watake tabêri dagang ||

42. Lamun kapanggih patbêlas | lairira jabangbayi | ing têmbe lare punika | sabarang karya pan bangkit | sakêdhap yèn tan bukti | agangsar lamun winuruk | tau sinungsung janma | cacadira nora sugih | lêmbah manah wong ika rada sungkanan ||

43. Lamun kapanggih limalas | lairira jabangbayi | kaharjan rare punika | bisa marentah sujanmi | kêras tatag gêng ati | cukup mring pambuktinipun | nora kurang pamboga | kathah mitranira asih | mung cacade asring padu maring krama ||

44. Lamun kapanggih nêmbêlas | lairira jabangbayi | sèdhêt maring silakrama | angrêsêpkên lamun angling | sugih apura yêkti |

--- 2 : 129 ---

juwèh padone wong iku | sabarang kang cinipta | nora luput pasthi dadi | lamun bukti nora kêna pinalangan ||

45. Lamun kapanggih pitulas | lairira jabangbayi | mênêng cêguk watakira | yèn margawe sok niwasi | glênas-glênês yèn angling | yèn duwe karêp sok wurung | asring sinungsung janma | kêrêp dènpaeka janmi | yèn kapadhan ing karsa kalangkung suka ||

46. Lamun kapanggih wolulas | lairira jabang bayi | kaduk wani kurang duga | kumalungkung sok panastin | biyas ulatirèki | yèn dinulu wong puniku | padonira sêmbrana | sumakeyan lamun sugih | yèn tukaran dènantêp tumuli ngalah ||

47. Titi petungan klairan | mungguh sasi ingkang bêcik | kang kanggo adêg-adêgan | wusing pakantuk kang sasi | kudu angetung maning | kang prayoga dinanipun | utawa nyingkirana | tali wangke sampar mayit | naas sangar myang kala wuku nèng ngandhap ||

48. Dhêndhan-kukudan dhungulan | uga kudu disingkiri | Cêbolang aris turira | langkung lêgane kang ati | nahênta wanci Mahrib | bêdhug ing langgar tinabuh | santri lit kathah prapta | samya muji salawati | alalagon Tunggul munggah Paculgowang ||

49. Ki wisma aris ngandika | prayoga wêktu rumiyin | tanggap ingkang sinung sabda | samya ngambil toyastuti | sawusing praptèng masjid | kang maca salawat suwuk | Nurwitri nulya adan | swara arum mêthit alit | amung kirang sakêdhik wilêtanira ||

50. Suwuking angantya sunat | sawusing sunat Mahribi | Ki Nurwitri nulya kamat | kèndêl kamat nulya Mahrib | Ki Juru angimami | têkèng bakda Ngisanipun | sampat kang pupujian | sunatira amêpêki | bakda sunat Kyai Juru angandika ||

51. Jêbèng payo marang wisma | ibunta sadhiya bukti | tumurun saking ing langgar | Cêbolang Amat nèng wuri | sapraptanirèng panti | Pujastuti lon umatur | dhahar sampun samêkta | Ki Juru angacarani | payo jêbèng padha mangan saananya ||

--- 2 : 130 ---

52. Ibune sira mèluwa | mangan dimèn aja ganjil | kang sinung ngling wus mangarsa | saha matur manganjali | dasihe nyuwun uning | lah sintên tamu puniku | iku ran Mas Cêbolang | asli sing Cilacap nagri | atmajane Janggan Naradi Kang Ngusman ||

53. Wus lawas nèng Ngèksiganda | mondhok ing wismanirèki | pulunanta Mat Têngara | ingakên sudarawêrdi | papat bature santri | pinarêng ing wêktunipun | slawase kapondhokan | rijêkine ika mintir | wus dilalah malah yun ngadêgkên wisma ||

54. Pujastuti angandika | sukur-sukur sira kaki | muga-muga lêstarèkna | andhêku kang sinungan ngling | kulup kang anyar kèksi | sanadyan nêmbe katêmu | rasane atiningwang | tan beda lan rinirèki | kaya uwus kulina luwih sawarsa ||

55. Mas Cêbolang aturira | kalangkung nuwun kapundhi | sapintên-pintên nugraha | kang dhumawah jasadmami | karêngkuh kadi siwi | mênggah sotaning tyas ulun | kadya rêna priawak | sampun kirang pangaksami | rèh tyang manca èstu kirang sila krama ||

56. Anutug dènnira nadhah | sadaya wus samya wanting | ambêng nulya cinarikan | linorodkên maring jawi | Ki Juru ngandika mring | garwa èh ibune sindhuk | sesuk Nyi Padmasastra | lawan Nyai Gundha mundhing | aturana mrene jakên rêrêmbugan ||

57. Pujastuti tur sandika | bibar wangsul maring jawi | santri papat lagya nadhah | ki wisma ngling aywa isin | banjurna (ng)gonmu bukti | kang liningan matur nuwun | mangsuli pinarakan | wusing dhahar (m)buwang amis | nulya sami êsês atanapi mucang ||

58. Alon matur Mas Cêbolang | paran katêranganèki | takbirane kang grahana | surya atanapi sasi | mênggah ngalamatnèki | sanès atanapi jumbuh | myang ngalamating teja | lintang kumukus utawi | punang lindhu ulun nyuwun saêrêpan ||sasêrêpan.

59. Kyai Juru mêdhar sabda | grahana surya myang sasi | iku ngalamate padha | mangkene urutirèki | yèn grahana amarêngi | Muharam ing wulanipun | ngalamate akathah | ing pitênah lan bilai | wong kang sugih-sugih samya karisakan ||

--- 2 : 131 ---

60. Wong kang miskin samya saras | yèn Sapar ika marêngi | wêtuning punang grahana | ngalamate udan angin | yèn grahana kang sasi | Rabingulawal anuju | ngalamate pailan | lan akathah kang ngêmasi | lan akathah udan angin mangsanira ||

61. Lamun panuju grahana | ing wulan Rabingulakir | ngalamat wong sugih samya | akathah kang alih-alih | wong ingkang miskin-miskin | akathah kalalènipun | lamun ana grahana | Jumadilawal kang sasi | lamat kathah kilat udan lawan gêlap ||

62. Lamun anuju grahana | ing wulan Jumadilakir | nglamat tulus wong sêsawah | tanduran padha andadi | wowohan murah sami | lamun grahana anuju | nênggih ing wulan Rajab | akèh wong luwe bilai | akèh udan angin akèh wong palastra ||

63. Yèn grahana wulan Sakban | ngalamat manungsa sami | akèh karya kabêcikan | lan bêrkat mupangat sami | sukur akèh kang muji | ing Hyang Kang Maha Luhur |Kurang satu suku kata: ing Hyang kang Maha Aluhur. lamun ana grahana | wulan Ramêlan marêngi | ngalamate pailan akèh wong rusak ||

64. Lamun ing malêm Jumuwah | ngalamat akèh bilai | asangêt agagêmpuran | akathah tyang sami lalis | yèn grahana ing sasi | Sawal pan ngalamatipun | akathah wong kang lara | lan akathah wong prihatin | yèn grahana nuju wulan Dulkangidah ||

65. Lamat sangêt kang maruta | bayu bajra angin-angin | angrêbahakên kakaywan | yèn grahana amarêngi | Dulhijah wulannèki | ngalamat akèh wong iku | sami asuka-suka | lan wong papakeyan sami | lan wong kaji samya suka ing dadalan ||

66. Lamun anuju grahana | ing wulan Dulkijah nênggih | lajêng ing wulan Mukaram | ing sajrone kalih sasi | ngalamat badhe ari | kiyamat ing mangsanipun | karsanira Hyang Suksma | akarya ilapat jati | dèn waspada tibane dudu lan iya ||

67. Gantya ngalamating teja | lamun ana teja kèksi | ing wetan bênêr pratandha | tulus panjênêngan aji | suka sakèhing janmi | tulus kang sarwa tinandur | lan murah sandhang pangan | dene yèn teja kaèksi | kidul wetan pratandha aprang gêmpuran ||

68. Lan wontên pakaryan awrat | malih yèn teja kaèksi | ing kidul

--- 2 : 132 ---

bênêr pratandha | larang bêras larang pari | lawan akèh wong drêngki | akèh wong kang samya lampus | yèn teja katingalan | kidul kulon mrantandhani | para mantri pra samya akèh sungkawa ||

69. Lan wong cilik akèh rusak | kêbo sapi padha mati | lan rêgane mundhak larang | lamun ana teja kèksi | kulon bênêr tan bêcik | pra pandhita para ratu | lawan kang alul lampah | myang wong kang atèki-tèki | sadayèku samyarsa kênèng sungkawa ||

70. Teja lorkulon ngalamat | kèh wong mati dening gêring | wong gêdhe tatane rusak | teja lor bênêr winarni | wong cilik padha sêdhih | wong agung tan ana atut | nanging bras pari murah | murah kêbo lawan sapi | wêkasane larang sandhang lawan pangan ||

71. Teja lorwetan ngalamat | ratu katêkan prihatin | para mantri akèh rusak | wong cilik bingung kèh ngêlih | saking wisunane sêdhih |Lebih satu suku kata: saking wisuna sêdhih. dene praja ura-uru | kêbo sapi kèh pêjah | larang udan mung dèneling | kautaman kumambang bêkti ing Allah ||

123. Maskumambang

1. Iki-jêbèng sasmitanira Hyang Widdhi | sakèhe kang umat | para ratu myang bupati | kang miyarsa ngèstokêna ||

2. Apan lintang kumukus panêngranèki | lamun ana lintang | kumukus lorwetan nênggih | iku ngalamate ala ||

3. Ana ratu aninggal para bupati | lawan ana karya | arane ambêbayani | nging kèh desa padha rusak ||

4. Lamun lintang kumukus lorkulon nênggih | ngalamate ala | ana ratu rêbut singgih | lan malih yèn ana lintang ||

5. Kulon bênêr lintang kumukus mèngêti | ana madêg raja | bupati agung ngurmati | lan wong cilik akèh suka ||

6. Kidulkulon kawuryan ngalamatnèki | ana ratu seda | para bupati prihatin | samya karya kabêcikan ||

--- 2 : 133 ---

7. Akèh udan angin murah bêras pari | wowohan andadya | amung kêbo lawan sapi | kèh pêjah wallahualam ||

8. Lamun mijil kidulwetan mêrtandhani | ana ratu padha | panjênêngan têkèng janji | lan malih yèn ana lintang ||

9. Kumukus yèn mijil wetan bênêr nênggih | ngalamate ala | sang ratu sungkawèng galih | lan para bupati padha ||

10. Kaewuhan desa rusak kèh pagêring | lawan akèh udan | nanging murah bêras pari | wus titi walahualam ||

11. Amarna rèh dalajate ingkang bumi | karsane Hyang Suksma | gonjingira ingkang siti | tan lyan saking kodratolah ||

12. Sagunging kang manungsa satanah Jawi | obahing bantala | ingaran lindhu puniki | mangka dumadya pratandha ||

13. Lamun lindhu wulan Mukaram marêngi | wêktu Subuh nglamat | ana prang ing tanah Jawi | yèn lindhu ing wêktu Luka ||

14. Jroning Sura murah pangan lan rijêki | yèn têngange nglamat | barkah lan rahmat (n)dhatêngi | yèn wêktu Luhur ngalamat ||

15. Nênggih arsa angalih ênggèn sawiji | yèn ing wêktu Ngasar | ana prang ngalamatnèki | yèn wêktu Mahrib ngalamat ||

16. Kathah janma samya anêmahi lalis | lamun wêktu Ngisa | saisine bumi sami | olèh rahmating Pangeran ||

17. Gantya lindhu ing wulan Sapar marêngi | wêktu Subuh nglamat | ana pakaryan marêngi | (ng)gonning ratune wong desa ||

18. Iya iku olèh bumi kang sawiji | yèn ing wêktu Luka | ana pêrang lamatnèki | yèn têngange ana pitnah ||

19. Lamun wêktu Luhur ngalamatirèki | sri nata sawadya | tinêkanan nora bêcik | yèn wêktu Ngasar ngalamat ||

20. Samya asih siniyan sakèhing janmi | wêktu Mahrib nglamat | kèh alih-alihan panti | kalamun ing wêktu Ngisa ||

21. Ngalamate bilai agêng (n)dhatêngi | dipadha prayitna | ana dene saratnèki | anganggowa sinjang pêthak ||

--- 2 : 134 ---

22. Kang amulus kalawan ingkang asuci | myang kita ngucapa | kang bênêr santosèng ati | ywa ngucap kang tanpa karya ||

23. Dan maujud ing Hyang Ingkang Maha Sukci | aywa sok ngucapa | mangan nginum ngati-ati | sabarang kang sarwa kalal ||

24. Apadene padha sidhêkaha sami | sakuwasanira | sêga wuduk iwak pitik | nanging ingkang wulu tulak ||

25. Ujubira anulak sakèh bilai | mangsa kèh bêbaya | apan Kunut donganèki | poma sami ngèstokêna ||

26. Gantya wulan Rabingulawal marêngi | wêktu Subuh nglamat | apailan punang nagri | kalamun ing wêktu Luka ||

27. Ngalamate ana nugrahaning Widdhi | yèn wêktu Luhur pan | nglamat ayun ana rêsi | prapta padesan myang praja ||

28. Wêktu Ngasar nglamat kèh bocah kang mati | wêktu Mahrib lawan | wêktu Ngisa nglamatnèki | nora ana kara-kara ||

29. Gantya wulan Rabingulakir marêngi | wêktu Subuh nglamat | pailan myang larang bukti | lamun nuju wêktu Luka ||

30. Ngalamate murah bêras lawan pari | wêktu Luhur nglamat | datan ana kawis-kawis | wêktu Ngasar ana pêrang ||

31. Lamun wêktu Mahrib ngalamatirèki | sakèh bumi desa | antuk rahmating Hyang Widdhi | yèn wêktu Ngisa raharja ||

32. Gantya wulan Jumadilawal marêngi | wêktu Subuh nglamat | akèh prang de yèn marêngi | wêktu Luka ngalamatira ||Lebih satu suku kata: wêktu Luka nglamatira.

33. Sarwa tulus kang tinandur bumi-bumi | wêktu Luhur nglamat | olèh rahmating Hyang Widdhi | lamun wêktu Ngasar ala ||

34. Ngalamate bilai gêng andhatêngi | kèh patyan-pinatyan | kalamun wêktu Mahêrib | ngalamat sangêt sangsaya ||

35. Yèn ing wêktu Ngisa ngalamatirèki | dahat tan prayoga | dènsami prayitnèng wèsthi | yogya padha sagahana ||

36. Bubur warna iya ing sakadarnèki | dene donganira | Pina kalawan Basuki | prayoga kaèstokêna ||

37. Gantya wulan Jumadilakir marêngi | wêktu Subuh nglamat | kèh wong suka-sukèng ngati | kalamun ing wêktu Luka ||

--- 2 : 135 ---

38. Nglamat kèh wong karya pakaryan basuki | wêktu Luhur nglamat | akèh nugraha kang prapti | kalamun ing wêktu Ngasar ||

39. Ngalamate akèh woh-wohan kang (n)dadi | wêktu Mahrib nglamat | kèh munapèk tan sayukti | kalamun ing wêktu Ngisa ||

40. Nglamat akèh pêrang sidhêkaha nuli | sêga bêras abang | iwak pitik wulu kuning | donga Slamêt wirangrongan ||

124. Wirangrong

1. Wulan Rêjêb kang gumanti | kalamun ing wêktu Suboh | nglamat tan prayoga awonipun | winêdhar tan kenging | mung kandhêg nglamat ala | kalamun ing wêktu Luka ||

2. Ngalamat asat kang tasik | waktu Luhur ngalamat won | satrunira arsa akarya dur | ngira-ira ngati | kalamun wêktu Ngasar | ngalamate sarwa murah ||

3. Kalamun ing waktu Mahrib | ngalamat wong kang ngalih (ng)gon | yèn ing wêktu Ngisa nglamatipun | kèh wong sukèng galih | tan ana sinangsaya | ngene-ngene suka-rêna ||

4. Gantya wulan Ruwah wanci | waktu Subuh nglamat awon | akèh uwong-uwong akaryèku | pangira tan bêcik | kalamun wêktu Luka | ngalamate luwih ala ||

5. Ana bêbênduning Widdhi | waktu Luhur uga awon | akèh bumi rusak sidkahipun | sêga bras ayam brit | dene dongane Balak | iku padha kaèstokna ||

6. Gantya wulan Siyam wanci | waktu Subuh nglamat awon | akèh bumi rusak yèn ing waktu | Luka nglamatnèki | pan ana papêrangan | yèn waktu Luhur myang Ngasar ||

7. Ngalamate awon sami | waktu Mahrib uga awon | lawan waktu Ngisa nglamatipun | pan patin-pinatin | mung wong agung kewala | wong cilik katut kewala ||

--- 2 : 136 ---

8. Padha sidêkaha nuli | mung bubur dhawêt kemawon | dene donganira donga Rasul | tan pêgat mêmuji | aywa na kara-kara | wong agung tulus têntrêma ||

9. Gantya wulan Sawal wanci | waktu Subuh winiraos | ngalamat ana satru yèn ing wêktu |Lebih satu suku kata: nglamat ana satru yèn ing wêktu. Luka ngalamatnèki |Lebih satu suku kata: Luka nglamatnèki. ana lara mawarna | myang akèh jalma palastra ||

10. Yèn waktu Luhur marêngi | ngalamate ana katong | ingkang puput yuswa Ngasar wêktu | ngalamatirèki | akèh kang bumi rusak | yèn waktu Mahrib ngalamat ||

11. Kèh wong suka sukèng galih | waktu Ngisa nglamat awon | parêk ana pêrang ingkang agung | sidêkaha sami | bubur kang warna-warna | donganê Êmas-kumambang ||

12. Gantya Dulkangidah sasi | lamun nuju waktu Suboh | wowohan padha nuju |Kurang tiga suku kata: nglamate wowohan padha nuju. uwohe andadi | kalamun waktu Luka | nglamat ana blai prapta ||

13. Yèn waktu Luhur marêngi | nglamat udan kêras rawoh | lamun waktu Ngasar ngalamatipun | ingkang bêcik-bêcik | tan ana paran-paran | yèn waktu Mahrib ngalamat ||

14. Kèh wong suka-suka ngênting | wêktu Ngisa nglamat awon | akèh wong kang rawuh sidkahipun | sêga liwêt nênggih | sabarang iwak kêna | donga Salamêt kewala ||

15. Wulan Bêsar amungkasi | nglamate kang palindhon |Kurang satu suku kata: ngalamate kang palindhon. lamun waktu Subuh nglamatipun | akèh sato sami | ingkang agalak-galak | kalamun ing waktu Luka ||

16. Ana pêrang nglamatnèki | kalamun ing waktu Lohor | nglamat kèh lalara Ngasri waktu | pan ngalamatnèki | kèh sato ingkang pêjah | waktu Mahrib kang ngalamat ||

17. Akèh janma ingkang prapti | padha kaluwèn kalêson | lamun wêktu Ngisa nglamatipun | larang pangan yêkti | sidêkah sêkul abang | kalawan sêkul kang pêthak ||

18. Warna papat iwak pitik | dènolaha kang miraos | irêng abang tulak lawan pingul | Kubur donganèki | bab palindhon wus têlas | jêbèng kabèh kang kawêdhar ||

--- 2 : 137 ---

19. Iku ujare kang tulis | piridan kang wus kalakon | iki uwis wayah lingsir dalu | prayogane sami | angaso benjang-enjang | karone padha baliya ||

20. Kang liningan mundur sami | ing dalu tan winiraos | nahan enjangira wangsul |Kurang dua suku kata: nahan enjangira padha wangsul. Ki Juru myang rabi | lagya manggihi jagal | Nyi Cundhamundhing juragan ||

21. Mas Cêbolang wus mangarsi | Ki Amat jèjèrnya lunggoh | Pujastuti lingnya mila (m)bakyu | (n)dika kula aturi |Lebih satu suku kata: (n)dika kula turi. pinarak mring wismamba | yèn pinarêng dening Allah ||

22. Benjing wulan ngajêng niki | kula badhe ewoh-ewoh | nglakèkakên anak nanging amung | climèn datan mawi | sêdhahan undang-undang | tamune mung para kadang ||

23. (m)Bakyu dhangana panggalih | dados pangajênging pawon | mênggah babing ulam ecanipun | amidhe utawi | amaragat piyambak | kula amanut kewala ||

24. Nyi Cundhamundhing turnya ris | prayogi mragat kemawon | babar ingkang ulam bilih ulun | ingkang anênggani | saèstu sagêd wijang | sanès-sanès ingkang ulam ||

25. Nyi Pujas ling kadi pundi | kula èstu dèrèng wêroh | namining kang ulam manggènnipun | (m)bakyu yèn marêngi | mugi kapratelakna | dhandhang sranduning maesa ||

125. Dhandhanggula

1. Nyai Mundhing aturira aris | wijangipun sranduning maesa | gangsal perangan cacahe | sirah sasampunipun | pisah lawan jangganirèki | punika sagolongan | gronggongan dwinipun | jêrowan katiganira | suku kalih ing ngajêng sakawannèki | suku wingking gangsalnya ||

2. Mapan sirah sasampunirèki | pisah lawan jangganing maesa | nami tuwin panggonanne | cucal sirah puniku | kang ngêmuli sirahirèki | kuping sangandhap singat | klambit sirah muhung | kang ngêmuli pipinira | bongos lambe ingkang nginggil manggèn (n)jawi | gobog poking talingan ||

--- 2 : 138 ---

3. Kang katingal ing kanan myang kering | dhuwêr poking kuping lêbêt (ng)gènnya | sluhan bêdhahan mripate | koncèr gobog puniku | wontên têngên ing kanan kering | kalambit gulu apan | kêmul daging gulu | lambe gangsa (n)jawi apan | lambe ing ngiringan cêlak êbam cringih | kadhangan manggènnira ||

4. Anèng ing lêbêt kang poking kuping | kadhalan jamang lawan sabrangan | samya nèng cêngêl ênggonne | wayang ototing gulu | ingkang nginggil jamang manggèn ing | cêngêl wingkinging singat | pipi kalihipun | mripat kalih ngandhap singat | gajih mripati buntêl tancêping kang manik |Lebih satu suku kata: gajih mripat buntêl tancêping kang manik. kadhalan manggènnira ||

5. Sangandhaping pipi kanan kering | tangkêp pinggir pipi lêbêt (ng)gènnya | asinan ngandhap pipine | tigasan pan ing gulu | lambe gangsa lêbêt utawi | cêthak agêng punika | tumèmplèk ing balung | otot adaini (ng)gènnya | sirah gulu dumigidumugi. badanirèki | dene kang balung mripat ||

6. Ingkang tinancêpan mripat kalih | balung uwang-uwang ingkang ngandhap | dumugi janggut watêse | untu pan kathahipun | tamtu tigangdasa nêm iji | lidhah cangkêm (ng)gènnira | pok lidhah puniku | anèng ing têlak manggènnya | sanggar apan sambunganing lidhahnèki | kaliyan gurungira ||

7. Sêntil balung têlak ingkang nginggil | asinan kang cakêt sêntil (ng)gènnya | gurung anèng ing têlake | utak salêbêtipun | balung pathak warnanya putih | sogokan pan ing jangga | janur otot irung | balung janur balung grana | balung pasung ing irung manggènnirèki | pêthak alit punika ||

8. Pan ing gusi nglêbêt manggènnèki | congor lambe ing lêbêt (ng)gènnira | bungur tumèmpèl irunge | pathak sanginggil bathuk | curi balung kang dèntancêpi | sungu kalih punika | klampit curi muhung | kang ngêmuli curinira | sungu ingkang nèng sirah kanan myang kering | tamat pisahing sirah ||

9. Peperangan kalih kang winarni | garonggongan wusing kinêlètan | sarta kasampilan rêke | cucal ingkang rumuhun | angêmuli badaning mundhing | wulu tumancêp cucal | thèthèlan puniku | kang tumèmplèk wontên cucal | balung topèng pisahing [pi...]

--- 2 : 139 ---

[...sahing] sirah lan janggi | êlêd-êlêd punika ||

10. Ingkang jajar lawan gurungnèki | daging êlêd cêlak gurung (ng)gènnya | punuk pok gulu ngajênge | jajalak ênggènnipun | cènggèr ngandhap punuk (ng)gènnèki | loloh kiwa têngênnya | punuk ênggènnipun | gigir loloh kering kanan | iangkangingkang. punuk balung kolek sawingkinging | ing punuk myang jalakan ||

11. Klambit dhadha ingkang angêmuli | daging dhadha koncèr dhadha (ng)gènnya | kiwa têngêning dhadhane | balung malang (ng)gènnipun | satêngahê balung dhadhèki | sandhunglamur unggyannya | pucuking babalung | wêkasan iga ing cêkak | balung tutup dhadha pok balung dhadhèki | klambit ngêmuli dhadha ||

12. De sayadan tangkar kang ngêmuli | lêmpèng kanan kering ênggènnira | balung tangkar ing pucuke | iga lêmpèng (ng)gènnipun | tangkar ingkang tumèmpèl maring | balung tangkar (ng)gènnira | lêmungsir puniku | gigir têngah ula-ula | têkèng cêthik yam-ayam ngandhap lêmungsir | kêlèt balung la-ula ||

13. Walima pan sirahe lêmungsir | ingkang cêlak bubuntut (ng)gènnira | tlêcêr nèmplèk lêmungsire | nèng kiwa têngênipun | dene kèbèt ingkang lêmungsir | pan sèsètaning iga | kèbèt iga muhung | tumèmplèk wontên ing iga | de enggok-enggokan iga (ng)gènnirèki | wontên pucuking iga ||

14. Pan sayadan ingkang angêmuli | iganira ing kering myang kanan | balung kropyak la-ulane | de olor isinipun | balung kropyak kasêbut ngarsi | balung iga (ng)gih ika | sayadan kropyak mung | lêd-lêd sambungan la-ula | de palwalang yèka ta manggènnirèki | ing sawingkinge têpak ||

15. Ingkang ngarsa dumugi ing gigir | ulur lêbêt anèng ula-ula | kang lêbêt nèmplèk balunge | gèmbèl daging binungkus | ing sayadan lêmpèngirèki | ginjêl ing garonggongan | nging palwalang katut | jambal ing lêmpèng (ng)gènnira | planggodhong ing lêmpèng ragi ngandhap kêdhik | de balung planggodhongan ||

16. Katutaning iga pucuknèki | balung dhikul ula-ula ingkang | gigir têkèng jalakane | olor isining dhikul | de sayadan dhikil puniki |

--- 2 : 140 ---

sambungan tulang jalak | têkèng gigir wau | cêthik bundêr cêthik nyata | dene cêthik panjang cêthik blèntrèng jêktiyêkti. | tutup cêthik punika ||

17. Pupungkasan ingkang cêthik wingking | kawêt ing sangandhap silit (ng)gènnya | kêcèr pêdhotan sampile | pakêm buthung gènnipun | balung pakêm babalungnèki | buthung kasêbut ngarsa | olor isinipun | ing balung pakêm punika | dene cupu bênabêne balung sampil | kang wingking kalih pisan ||

18. Cucal buntut pok dumugi pêthit | daging buntut ing buntut (ng)gènnira | cicir balung ing buntute | isi olor jronipun | dene ulurgantung (ng)gènnèki | tumèmplèk rongkong aran | wujud daging alus | kulung tumèmplèk ing tulang | ula-ula ing lêbêt ênggènnirèki | de balung kulung apan ||

19. Ula-ula ing lêbêt nglêrêsi | jajalakan olor isinira | (ng)gih babalung kukulunge | dene ulure rambut | tumèmplèk ing cêthik (ng)gènnèki | sayadan kêmulira | ula-ulanipun | ing lêbêt awit jajalak | têkèng silit têlas pangundhuhirèki | saranduning gronggongan ||

20. Perangan tri ing mangkya winarni | pangundhuhe ingkang jêjêrowan | wusing gronggongan binêdhèl | buntut ingkang rumuhun | pungkasaning gugurung saking | ing lidhahing maesa | de tala puniku | ngêmuli buntut kang cêlak | lawan gurung de gurung pok ilat dugi | tuntut kasêbut ngarsa ||

21. Kêbuk limpa jajar tuntut sami | ati agêng sawingkinging klamar | dene ati pangasihe | siwiling manah wau | ati tanggal sami pangasih | lamak-ati gantilan | -ning manah puniku | rêmpêlu tumèmplèk manah | sambung ingkang kadi kalong warnanèki | wontên gantilan manah ||

22. Gajih sumbang wontên gantilaning | ingkang sumbang kalawan ing manah | klamar ngêlèti isine | kalayan babat nurut | pungkasaning iganirèki | iso warni sasanga | srêgan thithèk buntu | bêngkok boyok lamak êpang | kang sibobol manggèn ngrompol sawingingkinging |Lebih satu suku kata: kang sibobol manggèn ngrompol sawingkinging. kalamar ngajêng babat ||

--- 2 : 141 ---

23. Dene babat wowolu kang warni | galêng pudhak gunting lêngkong gawan | tawon lunyu myang sumpinge | ngadhudhuk ngandhapipun | iso ingkang kasêbut ngarsi | tlethong ing nglêbêt babat | sayadan puniku | ingkang angêmuli badan | de thethelan kang tumèmplèk gantilaning | babat kasêbut ngarsa ||

24. Impês ing puyuhan ênggènnèki | pajalêran kawadonan (ng)gènnya | sami nèng ngajêng kawête | konthol ingkang gumandhul | wontên kawêt de isinèki | winastan paringsilan | klêpon ngajêngipun | impês yèku wadhah anak | kapur susu pucukipun nami pênthil | tamat amung punika ||

25. Peperangan sakawan winarni | pangundhuhing sampil ingkang ngarsa | kalih pisan datan pae | babon ngajêng rumuhun | panggènnya wontên pucuking |Kurang satu suku kata: panggenannya wontên pucuking. têpak ingkang jalakan | sangandhaping punuk | bêdhudhug lan babon jajar | sor jalakan tlusuk satêngahirèki | bêdhudhug babon ngarsa ||

26. êpang sirah ngandhap babon (ng)gonning | cêngêl sangandhaping êpang sirah | kados gêgandhik warnine | kèthèng tlusuk puniku | pinggir babon ênggènirèki | kêris sor babon (ng)gènnya | tunjung ngandhap dhuwung | kisijangan ngandhapira | ingkang tunjung kisitunjung jajarnèki | kalawan kisijangan ||

27. Dene dêlêg ing pundhak (ng)gènnèki | dene lawanan dêlêg ênggènnya | pundhak dumugi dhadhane | koncèr dêlêg puniku | ugi pundhak dhadha dumugi | buncit pinggir sampil pan | dumugi ing kulung | agandhèng kalawan dhadha | dene ingkang winastan asinan buncit | ing gulu ngajêng pundhak ||

28. Bangsêng-kèlèk ing dhadha kang ngarsi | ampih-ampih pundhak clak jalakan | dene sorog panggènnane | krakêt tatêpak balung | polok soring soroganèki | de pupuk ngapit jalak | mangkya gèthèng punuk | sapinggiring punuk ngandhap | janggut ampih-ampih nèng ngandhapirèki | pupunuk krakêt tulang ||

29. Kèbèt-pêlok ing dhadha (ng)gènnèki | bencok sanginggil dhêngkul (ng)gènnira | de balung suri pinggire | balung têpak puniku | balung pênthong têpakirèki | balung sikut punika |

--- 2 : 142 ---

balung sampil ngayun | sanginggil dhêngkul prênahnya | sungsum apan sining balung sikut yêkti | otot campur punika ||

30. Otot tracak têkèng dhêngkulnèki | otot gêgêr buntut têkèng jalak | otot gung kêncèt prênahe | otot gunting puniku | salêbêting campur (ng)gènnèki | sayadan garês ingkang | nlakup garês balung | sayadan curi jro tracak | pan sayadan sapitan ingkang ngêmuli | calakuthikanira ||

31. De sapitan sangandhaping thithil | sirah cêcak ing cingklok prênahnya | ketelan manggèn têpine | tracak ngandhap puniku | cucal kikil ambuntêl kikil | balung garês punika | tracak têkèng dhêngkul | isi sungsum lêbêtira | tracak apan ingkang angêmuli curi | de balung dalamakan ||

32. Tinutupan ing taracaknèki | balung gathèng ing tracak ngalela | de balung clakuthikane | têngah tracak (ng)gènnipun | isi sungsum de balung wajik | thithil tracak ing wuntat | sungu wajik dunung | pucuking wajik punika | balung thêngklik ros-rosan dhêngkul wus titi | sranduning suku ngarsa ||

33. Peperangan gangsal amungkasi | pangundhuhing sampil kalih wuntat | wus sah klayan gronggongane | sêlap ingkang rumuhun | cêlak kawêt panggènannèki | pênthul salêbêt sêlap | tumèmplèk ing balung | sumping sangandhaping sêlap | de asinan cêlak ing cawêt (ng)gènnèki | gitik sarta don (ng)gènnya ||

34. Dene gèthèng sangandhaping gitik | gandhik sanginggiling kêncèt (ng)gènnya | kêpuh ngandhap gandhik (ng)gènne | kising daging puniku | sanginggiling kêncèt (ng)gènnèki | limas cêlak kalawan | buntut prênahipun | angêtan sangandhap limas | kumol ugi ngandhap limas ênggènnèki | pinggire kijing rannya ||

35. Dene pudhak manggènnipun nênggih | nèng lêbêting lêmpèng kering kanan | klambit pudhak kêkêmule | sampil lêbêt puniku | balung uling balunging sampil | isi sungsum puniku | daging kwalon muhung | daginge kikil ing wuntat | kikil wingking pêcahe sami ing ngarsi | tamat blabak maesa ||