Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

159. Gambuh

1. Ginantya adêgipun | Bambang Partadewa anèng ngayun | Gathutkaca lawan Tambakganggêng patih | wus ngêlik gêndhing jinantur | kyai dhalang gya cariyos ||

2. Sigêg Ringin-kapitu | mangkya gantya kang winarnèng kidung | Partadewa pinarak madyèng pandhapi | ngandika hèh kaki prabu | Gathutkaca putraningong ||

3. Mêtua sira kulup | lah pêthukên dhayoh kang yun rawuh | kang liningan nêmbah sapraptaning (n)jawi | nuju praptane sang wiku | dyan arya matur wotsinom ||

4. Pukulun sang awiku | ingaturan laju mring kadhatun | Rêsi Durna [Dur...]

--- 2 : 290 ---

[...na] mèsêm aris anauri | kalingane sira kulup | kinèn amêthuk maringong ||

5. Wus kerit sang awiku | sinêsêkkên gêndhing wus tumundhuk | ingacaran ri wusnya atata linggih | Brêkututmanggung sinuwuk | Sri Partadewa lingnya lon ||

6. Katuran sang awiku | panakrama-mba sarawuhipun | wiku sabda kalangkung tarima-mami | panakramanta sang prabu | katampèn ing ngasta karo ||

7. Partadewa umatur | punapa wontên karsa sang wiku | prapta nagri ing Cintakapura ngriki | aris manabda sang wiku | hèh robaya praptaningong ||

8. Ingutus sang aprabu | manira baya kinèn andangu | sira ngaku mitrane Sri Darmasiwi | sang nata nêmbe angrungu | manira marmane kinon ||

9. Ngyêktèkkên yaktinipun | hèh robaya manira yun wêruh | saking pundi pinangka miwah sudarmi | sang Partadewa lingnya rum | lamun palibaya takon ||

10. Inggih pinangka ulun | saking ing Kelasarupa gunung | kang ayoga sang Kelatarupa Rêsi | sang Kumbayana duk ngrungu | angguguk sarya nabda lon ||

11. Yèn makatên saèstu | jêngngandikajêngandika. ing jagad pinunjul | awit wêton ing Kelasarupa wukir | wus kuna limpat ing kawruh | agal alus rungsit elok ||

12. Nêdha sira kalamun | nyata wêton ing Kelasa gunung | hèh jawabên iki ana sual-mami | yèn andika bisa (n)dumuk | sayêkti agêng ingkang toh ||

13. Manira angguguru | lawan manêmbah mangraup suku | sira yèn tan bisa jawab sual-mami | dadining kasor dèningsun | pasthi andika sunboyong ||

14. Tan wurung suntalikung | sun-gawa mring Ngastina saèstu | awit sira wus kasoran dening mami | sang Partadewa lingnya rum | winêdharêna dèn-gupuh ||

--- 2 : 291 ---

15. Manira age yun wruh | wiku nabda dèn-anglèng pangrungu | ingkang swara gora rupa (m)bêbayani | rupa tanpa swara iku | swara tan rupa yèn tinon ||

16. Dene datanpa catur | adoh tanpa wangênan anglagutanglangut. | ingkang pêrak nora sasenggolan yêkti | lan nêdha badhenên gupuh | têlas (ng)gonmanira criyos ||

17. Ngong batang sira tan wruh | mangsa bisaa jawab sualku | lah anêdha sira batangên dèn-aglis | hèh pucêt ulate payus | aywa gugup aywa dhompo ||

18. Sun pandhita linuhung | padha yèn padhaa (m)bari ingsun | sun pandhita konyor-konyor kênyir-kênyir | ing tapa matêng wus dalu | pawitaningsun wus dados ||

19. Wau ta duk angrungu | sang Partadewa mèsêm lingnya rum | hèh sang wiku aywa age sukèng galih | dèrèng kinantên saèstu | yèn tan sagêt jawab ingong ||

20. Hèh sang wiku puniku | pamanggihkula sualirèku | ingkang swara gora rupa (m)bêbayani | punika sayêkti latu | têgêsipun karna karo ||

21. Asal saking ing latu | dunungira pan inggih pangrungu | ingkang rupa datanpa swara sayêkti | punika sayêkti mêndhung | mêndhung dados toya jawoh ||

22. Apan netra puniku | asal saking ing toya puniku | dunungira apan paningal sayêkti | swara tanpa rupa iku | punika angin sayêktos ||

23. Karana asalipun | dunungira pan inggih pangambu | adoh tanpa wangênan tan anggêpoki | kakalih pêthèkanipun | bumi langit kang sayêktos ||

24. Dene ta dunungipun | anèng rasaning ilat saèstu | jangkêp catur paliwara kang sayêkti | kantha warna lan pangambu | rasa jangkêpe sagolong ||

25. Jangkêpira pipitu | rupa urip lan sabda puniku | amangsuli ingkang tan prak lan kang têbih | kaliye batanganipun | punika apan Hyang Manon ||

--- 2 : 292 ---

26. Lawan manungsanipun | yèn adoha ing panggènannipun | apan têka (ng)gonnira manêmbah sami | witne yèn pêrak puniku | eba (ng)gonne lendhat-lendhot ||

27. Inggih sayêktinipun | nora pêrak tan têbih puniku | Hyang Wisesa sayêktine anglimputi | nora ngisor nora luhur | tan wetan lor kidul kulon ||

28. Sayêkti tan maujut | mung dumunung kang sampurnèng kawruh | jangkêpipun pitu kang tigang prakawis | rupa urip sabda iku | têgêsipun pisah golong ||

29. Rupa-rupa kang tuhu | urip ingkang datan kênèng lampus | sabda têmên lawan pangucap sayêkti | pangucap trus jroning kalbu | lan ana nyatane kono ||

30. Winastan sabda iku | marmanira para pandhitèku | pangucape dènarani sabda awit | bênêr ing saujaripun | sabdane pasthi kalakon ||

31. Tan pisan lamun dudu | yèn makatên andika puniku | nora dora wit sabda duwèking rêsi | sang Rêsi Druna sumaur | pasthi ingsun nora linyok ||

32. Sang Partadewa muwus | kula mirêng pawarta satuhu | nguni wontên raja pandhita linuwih | Ngatasangin prajanipun | nama Sri Maruta katong ||

33. Putra satunggal jalu | Rêsi Baratmadya ugi ratu | wus linuwih tan pae lawan sudarmi | Baratmadya asusunu | Bagawan Dupara kaot ||

34. Ing tapa wus linuhung | Rêsi Dupara puputra jalu | warna pêkik kasutapanya wus ngênting | Bambang Kumbayana punjul | lawan sasamining nguwong ||

35. Sang Kumbayana iku | kinèn krama ing rama tan ayun | tansah dènnya subrata amatiragi | katarima dènnya nêngkungnêkung. | antuk wisiking Hyang Manon ||

36. Hèh Kumbayana lamun | sirarsantuk nugrahèng dewagung | lumakua sira marang tanah Jawi | ana titahtitahing. ing dewagung | ingaran Pandhawa katong ||

--- 2 : 293 ---

37. Iku kakasih tuhu | sapa wonge kang nêdya ngalulut | momong marang nata Pandhawa sayêkti | ing donya dêlahan antuk | nugraha sawarga kaot ||

38. Sang Kumbayana wau | duk miyarsa kalangkung kapencut | dyan umangkat sapraptaning tanah Jawi | tan momong Pandhawa prabu | karsanira têmah menggok ||

39. Ngastina kang jinujug | amomong marang Kurawa prabu | dadya nora nêtêpi jênênging rêsi | têka lincat sabdanipun | nanging duk nalika rawoh ||

40. Pinggiring samodra gung | nora nana palwa kang kadulu | nadyan gèthèk apan tan ana kaèksi | Kumbayana dahat ngungun | sru kasmaran ing pawartos ||

160. Asmaradana

1. Sumungkêm asru sêmadi | nênêdha marang jawata | sagêda dugi karsane | nabrang madyaning samodra | têkane tanah Jawa | tyasira dahat kapencut | èngêt wisiking jawata ||

2. Katrima dènya sêmadi | wontên parmaning jawata | warni kuda prapta alon | mêndhak nèng ngarsa sasmita | ya ta sang Kumbayana | graita tyas numpak gupuh | cêmplo kuda wus ginêtak ||

3. Kuda ngrab nyabrang jaladri | prapta madyaning samodra | sang Kumbayana duk wêruh | lamun kudèku wanita | samana darbe karsa | sarèhning panggenan suwung | supe ing tindak kanisthan ||

4. Sang rêsi lawan turanggi | (ng)garbini sawusing mangsa | amijil priya putrane | pêkik ing suwarnanira | kuciwa nganggo tracak | labêt kuda ingkang ibu | nama Bambang Aswatama ||

5. Ki dhalang nyêmpala aglis | kothak nulya ada-ada | Druna narik candrasane | hèh Partadewa kaparat | iki kang sira ajab | gangsa sampak Druna nêmpuh | kabur pinapag maruta ||

--- 2 : 294 ---

6. Kacarita dènnya ngringgit | tumut ingkang lalampahan | pajar gidib tancêp-kayon | dhasar wus gambuh ki dhalang | gêndhing kawin janturan | banyol sasabêtan putus | ngêse karasa ing driya ||

7. Sêrêng wilêt amranani | wiraos nglamlami driya | kalawan kang samya anon | miwah kang samya miyarsa | jumbuh tyas mring panggagas | antawacanane turut | cocog lan wujuding wayang ||

8. Dhalang saniyaganèki | maring langgar samya kadas | nulya parlu waktu Suboh | bakda Subuh kyai dhalang | kajat kalih rêkangat | paragat anulya wangsul | lan niyaga mring pandhapa ||

9. Kyai dhalang mariksani | sajèn-sajèn myang isarat | langkêp tan ana kang cèwèt | dene kang arsa rinuwat | wus ngrasuk sarwa pêthak | nèng jro kêlir dènnya lungguh | jêng-ajêngan lan ki dhalang ||

10. Para tamu jalu èstri | kang santri linggar sêmbahyang | ana kang ngaso mring gêdhong | siram gya ngrasuk busana | wangsul maring ngajêngan | sunggata lumadyèng ngayun | wedang dharan (n)jing-enjingan ||

11. Ki dhalang sampun mangarsi | nèng ngandhap balencong nulya | nyampala kothak tinampèn | ayak-ayakan manyura | bêdhol kayon gya mêdal | jêjêrnya Bathara Guru | lawan garwa Dèwi Uma ||

12. Hyang Narada anèng ngarsi | Hyang Panyarikan Hyang Kala | jinantur ririh swarane | ki dhalang nulya carita | nênggih ingkang kocapa | kayangan Suralaya nung | iya ing Jonggringsalaka ||

13. Pae lan sri narapati | Ngarcapada kang ingucap | ginunggung kawibawane | lan pambêganing narendra | jêmbar ingkang jajahan | miwah luhuring kadhatun | ing Suralaya ta boya ||

14. Amung wasesanirèki | datan wênang winasesa | wênang murba sakalire | tan wênang lamun pinurba | wênang kalamun yoga | dènyogakkên datan purun | ajujuluk Hyang Prawata ||

15. Nênggih Hyang Guru Pramèsthi | iya Sanghyang Nilakantha | Sanghyang Jagadpratingkah-e | iya Sanghyang Kang Wisesa |

--- 2 : 295 ---

Bhathara Girinata | ya Bathara Manik iku | ya Bathara Siwahboja ||

16. Pinunggêl kang murwèng kawi | panudya ri panangkilan | Sanghyang Girinata miyos | siniwaka lan kang garwa | nèng bale Martyukundha | iya Pargyawarna iku | ing bale Samarakata ||

17. Ingkang parêk anèng ngarsi | sang Rêsi Kanekaputra | Bathara Nrada parabe | punika ingkang minangka | pinisêpuhing dewa | myang Hyang Panyarikan iku | jawata paramèng sastra ||

18. Tuwin Sanghyang Kalasêkti | wuragilnya Sanghyang Siwah | tinanêm nèng Nungsa Barong | têka mangkana Hyang Siwah | osike kang wardaya | paranbaya karêpipun | si Kala iki mangarsa ||

19. Tan karana suntimbali | ki dhalang nyêmpala kothak | sêsêg ayak-ayakane | suwuking ayak-ayakan | mungêl gêndhing Prawara | lir jinantur nora sêru | nulya maos ilahèngan ||

20. Tamat pamaosirèki | ilahèngan dyan carita | Sanghyang Giri ngandika lon | durung suwe kulup Kala | sira nèng ngarsaningwang | paran ta padha rahayu | Sanghyang Kala matur nêmbah ||

21. Timbalanipun dewaji | ingkang dhumawuh patikbra | ing sadèrèng sasampune | ulun cadhong kalih asta | kacancang pucuk rema | kapêtêk ing ngêmbun-êmbun | kapundhi dadosa jimat ||

22. Sira marak ngarsamami | nora sarana dakundang | bangêt kagyating tyasingong | Kala nêmbah aturira | nuwun sowan kawula | sapisan dahat wulangun | lami tan sowan bu-rama ||

23. Ngunjukakên pangabêkti | myang sanggyaning kalêpatan | nyuwun gunging aksamane | kulup bangêt panrimèngwang | upama kaluputan | gêdhe pangaksamaningsun | matura gatining karsa ||

24. Sowanulun dhuh dewaji | èstune atur uninga | sakawitan nêdhakake | dhumatêng ing marcapada | ingkang kawula têdha | tan lyan padhas pèrèng gunung | mring angga apriyang-priyang ||

--- 2 : 296 ---

25. Lêsu-lêsah nglêlês nisir | dene manawi (m)bubucal | pating palilit raose | sasukêr lir krikil wêtah | (m)badêdêng boya lêga | sabên-sabên mèh sumaput | tanpa marêm karambyangan ||

26. Sawiji dintên marêngi | wanci manjêre Hyang Surya | wontên tiyang dhusun (n)dèrès | dhawah dhumatêng ing padhas | kang badhe kula têdha | pun dèrès wasana katut | kula têdha sarêng padhas ||

27. Sampun kang kawula bukti | badan kraos sêgêr sumyah | marêm tan na sangsayane | dumlodong bilih (m)bubucal | punika kangjêng rama | rèhning nêdha tiyang èstu | damêl sakecaning badan ||

28. Mila ing samangke ugi | wontêna sih kamirahan | (n)jêng rama amarêngake | ulun nyuwun têdha tiyang | kewala sampun liyan | têtela eca satuhu | sanès timbange lan padhas ||

29. Hyang Pramèsthi duk miyarsi | panuwune Sang Hyang Kala | sapandurat minggu tyase | pangudasmaraning driya | kang tan karêngèng kathah | hongilahèng sang um pa um | jagad mastuna masidham ||

30. Kaya pa lalakon iki | yèn boya ngongturutana | si Kala ing panuwune | saiba nêsune baya | mungkat angkara murka | angrurusak aru-biru | gawe rêtuning bawana ||

31. Ribêting tyas Hyang Pramèsthi | sinamun samuning netya | ing nayana mêksa katon | wasana alon ngandika | hèh putraningsun Kala | ingkang dadya panuwunmu | manira mangayubagya ||

32. Ananging kang sunlilani | dadi panganpêkênirapanganpakênira. | nora sadhengaha wong |Kurang satu suku kata: nora sadhengaha uwong. sawiji yèn ana bocah | ontang-antingontang-anting = anak satu laki-laki. rannira | bocah siji tur ajalu | maligi datanpa kadang ||

33. Kapindhone ontang-antingSebaiknya: unting-unting = anak satu perempuan. | siji wadon tanpa kadang | tri ugêr-ugêr-lawange | karo kadang padha priya | catur kêmbang-sapasang | padha wadon karonipun | dhana-gêdhini kalima ||

34. Bocah loro jalu èstri | nanging tuwa ingkang lanang | gêdhini gêdhana nême | bocah dwi wadon kang tuwa | kapitu ran pandhawa | kadang lima padha jalu | datan kasêlan§ Prayoginipun / datan kaselanan /. wadon ||

--- 2 : 297 ---

35. Kaastha aran ngayomi | lilima wadon sadaya | astha aran madangake | bocah lima lanang papat | sawiji kang wanodya | apil-apil kang sapuluh | lanang siji wadon papat ||

36. Kang sawlas yèn ana jalmi | mlaku têngange kang wayah | tan asumping gêgodhonge | nora ngidung datan muncang | siji ran bathang ngucap | yèn dwi ran jisim lumaku | rolase kalamun ana ||

37. Aran bocah ontang-anting | lumuntir tunggaking ngaryan | tanpa kantha lan kanthine | lair wus mawa têngêran | gathuking alis ana | rupa putih mung sadumuk | sayup ulate abiyas ||

38. Beda lan liyaning janmi | iku kang wus ingsunucap | dadi panganira kabèh | karodene manèh sira | sun-gadhuhi gêgaman | badhama paèsan iku | kanggone samangsa-mangsa ||

39. Yèn sira (n)tuk mangsan kaki | kang pinasthi panganira | katamanna badhamane | wuse kataman badhama | banjur sira pangana | yèn durung kataman èstu | ora sunlilani mangan ||

40. Myang ingsun paringi kanthi | kakangira Panyarikan | iku mèngêti gawene | kang dadi ing panganira | taha yèn tan ngèstokna | sira nandhang ing papa gung | ywa (n)duduk sawiyah janma ||

161. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Hyang Bathari Uma angandika rum§ Prayoginipun / angandika arum /. | ingsun iya amaringi | wuwuhe panganirèku | lamun ana bocah lair | nèng jroning babagan kono ||

2. Iya iku ingkang anunggal sadhusun | mangka jroning desa lagi | ana kang wayangan iku | bocah tan sinungkên maring | ki dhalang kang murwèng lakon ||

3. Wus tartamtu dadi panganira kulup | nanging yèn sinungkên maring | ki dhalang dadi kadangmu | aran bocah tibasampir | kapindhone putraningong ||

--- 2 : 298 ---

4. Lamun ana ingkang anyandhungi laku | (ng)gonnira ngupaya bukti | wong mancah arannirèku | dadi panganira kaki | poma dèn-angatos-atos ||

5. Sang Hyang Kala manêmbah umatur nuwun | Hyang Guru ngandika malih | Panyarikan titah-ulun | tulisana sadayèki | lan sira mèlua andon ||

6. Têmbe lamun wus tan ana kang kalimput | tinggalên ingsun lilani | Panyarikan matur nuwun | sandika dhatêng nglampahi | ing rèh Sang Maha Kinaot ||

7. Sang Hyang Kala pamit wus anguswa suku | ing ramèbu miwah pamit | mring uwa Kanekasunu | wa Cêmpluk kantun sumiwi | Kanekatmaja lingnya lon ||

8. Iya kulup rahayua ing lakumu | Sang Hyang Kala nulya mijil | Panyarikan atut pungkur | Hyang Guru ngandika maring | Kanekaputra lingnya lon ||

9. Kakang rêsi Kanekaputra dèn-gupuh | (n)dika tumuruna maring | ing dhèpok Nguntaralayu | paringna pangèstumami | maring sutanira karo ||

10. Wisnu Brama matêdhanana sumurup | lamun ulun amaringi | pangan mring kadange wruju | si Kala amangsa jalmi | niku anakira karo ||

11. Mring kiraka pribadi parentah-ulun | katri tumuruna sami | mring marcapada puniku | ngalapa basanirèki | si Kala kang yun linakon ||

12. Sakêcap mung kanggea waton saumur | Kanekatmaja wus pamit | mundur mring Nguntaralayu | nahên ta Sang Hyang Pramèsthi | lawan garwa sang lir sinom ||

13. Jêngkar saking bale Martyukundha laju | manitih lêmbu andini | anganglang jagad sawêgung | sigêg gantya adêgnèki | kang wus samya tampi dhawuh ||

14. Sang Hyang Kala kapanggih garwanirèku | Bathari Durga kakasih | Panyarikan datan kantun | Durga aturira aris | pirantinta§ Prayoginipun / pan arinta / = mila ingkang rayi. [pirantin...]

--- 2 : 299 ---

[...ta] minta wartos ||

15. Dene ngantos sawatawis radi dangu | nimas rakapara uwis | munjuk rama Sangyang Guru | purwa madya wasanèki | ing kono rama wirangrong ||

16. Sawatara minggu banjur paring dhawuh | kaparêng panyuwunmami | janma kang dadi panganku | nanging tan sawiyah janmi | dene kang mêsthi dakbadhog ||

17. Wus kasêbut ing pèngêtane kakangmu | Panyarikan dadya kanthi | tumuntur ing salakuku | Dyah Durga suka sarya ngling | babo kakang kadangingong ||

18. Sakalangkung suka rênane tyasulun | de kiraka dadya kanthi | Panyarikan lingira rum | yayi rakanta sadarmi | nglampahi karsaning katong ||

19. Hyang Kala ngling nimas mring ngêndi kang sarju | (ng)gonne angupaya bukti | Durga mèsêm lingira rum | lah botên wontên sayêkti | titahing Jawata kaot ||

20. Angupados têdha pangane kang ngluru | madosi kang badhe nêdhi | ah lo ngêndi olèh gêndhuk | Durga awacana malih | paran makatên kalakon ||

21. Panandure angon dina kang panuju | mêthik mangsa kang prayogi | èdi ing pangolahipun | tiniti angati-ati | matêng winadhahan alon ||

22. Kang barêsih dènaji-aji saèstu | satata dènnira bukti | Sang Hyang Kala asru (ng)guguk | nimas iku sabda aji | rumasa kalah wakingong ||

23. Dhuh kiraka èstrènana ujaringsun | panyuwuningwang mring Oti | yèn padinane wismèku | anjaba anggêr kang pasthi | wong lanang tan anut wadon ||

24. Ing karêpe aja ana padha tutug | yayi ingsun angèstrèni | Bathari Durga umatur | paran punika wus wanci | sumangga sami mangulon ||

--- 2 : 300 ---

25. wontên tlaga mawa teja angunguwung | tlaga Madirda rannèki | Kala ngling nimas sundhaup | ing lampah sira nèng ngarsi | lan kiraka sakaloron ||

26. Mila ulun purih nèng ngarsi witipun | margane pangan sirèki | wus budhal katiganipun | sigêg gantya kang winarni | ing Nguntaralayu dhepok ||

27. Sang Hyang Wisnu Hyang Brama manggihi tamu | Sang Rêsi Kanekasiwi | manêmbrama kalihipun | samya ngaturi basuki | Kanekatmaja lingnya lon ||

28. Iya babubabo. bangêt panarimaningsun | pangèstuku mring sirèki | muga ulun basa babu | marang sira kêli-kêli | padha sumurupa kenthol ||

29. Wus pinasthi dening Kang Amurbèng Tuwuh | Wisnu anurunkên benjing | wawadhah kraton sawêgung | kakangmu Brama mancêri | nganti sirnane karaton ||

30. Sang Hyang kalih manganjali matur nuwun | widada-a sabda aji | rawuhta Nguntaralayu | dene ta kalangkung gati | Naraddha lingira alon ||

31. Satuhune praptaku kene ingutus | de ramanta Otipati | kang dhingin paring pangèstu | kapindho angsung udani | panyuwune rinta Blowong ||

32. (m)Badhog uwong cinara ambadhog pohung | ramanta uwis ngidèni | Bathara Wisnu umatur | kang pinaringakên pundi | rèh titah dèrèng mangrêtos ||

33. Baji(?)Tanda tanya masuk teks aslinya: mungkin maksudnya di sini 'Bayi'. têlas babo kulup damarmancung | èngêta arannirèki | sira ran Bathara Wisnu | karsaning Hyang Otipati | wis ana ing sira manggon ||

34. Inggih uwa sumangga lajêng tumurun | Nrada mlèngèh (n)junjung alis | lah aja walaka kulup | kudu nganggo disranani | (n)juwarèhi ing lêlakon ||

35. Bêbasane kamanungsan padha wêruh | Wisnu mèsêm matur aris | kaluhuran ingkang dhawuh | uwa kantuna rumiyin | ulun lan kakang yun dandos ||

--- 2 : 301 ---

36. Naraddha ngling ulun iya mèlu adus | wus samya siram barêsih | sakala warnanya santun | Ki Sang Hyang Kanekasiwi | pindha Hyang Maya kinaot ||

37. Sanghyang Wisnu pindha Hyang Kumajayèku | Sanghyang Brama pindha Ratih | Nrada ngling samangke Wisnu | sira asiliha nami | Sang Hyang Wisnu matur alon ||

38. Uwa mugi paduka èstrèni ulun | samangke silih kakasih | Dhalang Kandhabuwana gung | iya kulup dakèstrèni | bangêt kêmbang bolong ingong ||

39. Kandha tutur buwana jagad sawêgung | karsane ramanta kaki | kang winênangakên tutur | isining jagad sakalir | ginugu ora pa nganggo ||

40. Kaki Brama owahana suwaramu | aja kaya kêna pancing | glêgas-glêgês gêrok guguh | èmpêrên swaranta kaki | kaya ibumu pamiyos ||

162. Mijil

1. Karodene sisiliya nami | babo putraningong | Brama matur èstrènana mangke | namaulun Panggêndèr Surani | Naraddha ngling apik | kèwèk uwis gathuk ||

2. Wong anabuh yèn wis sugih gêndhing | panuthuke golong | lan wong bodho kèh samudanane | ingsun dhawak iya salin nami | Kalunglungan lungit | pangêndhangmu kulup ||

3. Ngêndhang ngedhe yèn gamêlan muni | pulurane rawoh | tan dêksura nampani suguhe | tan mêdhotkên ing iramanèki | kulup Wisnumurti | anggawea gupuh ||

4. Punang wayang Wisnu mangênjali | cinatur wus dados | sabdaning kang dewa kuwasane | godhong nangka kang kinarya ringgit | dadi sarananing | wong kêna ing latu ||

5. Kothak upih kuwasanirèki | lêlêmbut pan adoh | siti kang kinarya gamêlane | milanira sakèhing wong kundhi | sinandhang binukti | tan kèh turahipun ||

--- 2 : 302 ---

6. Karananya angêlong-êlongi | Naradha lingnya lon | prayogane tumuruna mangke | ywa kasuwèn manawa kasilip | marang Mêndhangkawit | (n)jujug dhukuhipun ||

7. Nyai randha Sumampir kang nami | padha mondhok kono | putra kalih sandika ature | wus tumurun sang bathara katri | gantya kang winarni | wau lampahipun ||

8. Panyarikan Durga Kala wingking | manrang arga Bondhot | Sang Hyang Kala sayah sru aripe | angga lêsu lupa angalikik | kèndêl sèndhèn witing | kayu Kamal aup ||

9. Akasêngsêm angandika aris | wit iki samêngko | dak-arani kayu Asêm kiye | pan katêlah tumêkèng samangkin | kasiliring angin | Sang Hyang Kala ngantuk ||

10. Nanging isinanira kêpati | gya kagyat malerok | pan dènêntup bêburon cêngêle | dhaham-dhaham kêcoh wanti-wanti | supaya ywa nganti | ingaranan ngantuk ||

11. Ngandika lon buron apa iki | mangan iduningong | lah dakpundhut ing samêngko kowe | umanjinga dadi bala-mami | aran Kalajêngking | de (n)jênthir buntutmu ||

12. Wus sinabda Kala ngantuk malih | cinokot buburon | kagyat (n)jola kêcoh-kcohkêcoh-kêcoh. maleh | angandika buron apa iki | ngokop idu-mami | dadiya balaku ||

13. Nganti abang drohun (n)gonne (ng)gigit | aranne samêngko | Kala-abang olaholèh. uwis suwe | (ng)gonku lèrèn kiraka lan nyai | cat tan katon kèksi | Sang Hyang Kala laju ||

14. Durga lawan Bathara Panyarik | (n)dêdêr lampahnya lon | ngambah corah arga rêracahe | toya wêning saingsaking. pucak ardi | wastrane sang dèwi | katimpal ing lesus ||

15. Wêntis katon lir pudhak piningit | Hyang Kala duk anon | rêta korut gya dhumawah ing we | pan dumadi sèn-isèning warih | ulam loh sakalir | iku asalipun ||

16. Mung sawiji tansah angubêngi | ing paglangan nyondhol | Kala kêcoh myang ningali ing we | angandika kawanane iki | buburon mênuhi | mung sawiji iku ||

--- 2 : 303 ---

17. Ingkang pijêr anêrajang sikil | mangan iduningong | rêrupamu kaya anu kiye | lah manjinga dadi bala-mami | dakparingi nami | Kala Ele patut ||

18. Akatêlah tumêkèng samangkin | toya ingkang anjog | maring ngare aranna kaline | desa pisan (ng)gonku ngambah iki | Hyang Kala lumaris | mêntas saking ranu ||

19. Nuju wanci têngange marêngi | kêpapag Hyang Katong | Rodrapati kalawan garwane | Dèwi Uma sakaliyan nitih | ing lêmbu Andini | Sang Hyang Kala gupuh ||

20. Marêpêki praptanirèng ngarsi | nêmbah matur gupoh | o o jêbul kangjêng rama kiye | sakaliyan lawan ibu sori | rama kados-pundi | nyuwun nyadhong dhawuh ||

21. Sanghyang Siwah mèsêm ngandika ris | babo sutaningong | rèh wus dadi dhawuhingsun anggèr | aywa wang-wang (ng)gonmu ayun bukti | panganên wakmami | kalawan ibumu ||

22. Nanging ingsun darbe catur kaki | cacangkriman kaot | sakirane sira bisa (m)badhe | de kanggone yèn sira marêngi | jagongan kang luwih | saka wong sapuluh ||

23. Rah-arahên wêktune sabdadi | tilingna sutèngong | eka êgul eka wawancahe | dwi bagêm dwi puswadmi srênggi§ Kirang sawanda, prayoginipun / sarenggi /. | tri nabi sapta tri | nurcahya puniku ||

24. Asthanada catur guthonèki | badhênènbadhenên. dèn mêlok | Kala nêmbah mlongo gèdhèg-gèdhèg | nêmbah matur rama abon siti | mopo datan bangkit | ambadhe pukulun ||

25. Angandika Sang Hyang Otipati | lah mangkene Dhoglong | babasane olah iku wadine |Lebih satu suku kata: babasan olah iku wadine. pak-umpakan wiwilangan aming | eka pan sawiji | êgul iku buntut ||

26. Mungguh buntute lêmbu Andini | pan namung sawiyos | eka siji wancah kêkêluhe | de kêluhe si lêmbu Andini | uga mung sawiji | Sanghyang Kala matur ||

27. O la gèsèh tampar wujud kalih | ingetang sawiyos | Sang Hyang Guru sru sukèng driyane | kawruhamu lèng irung puniki |

--- 2 : 304 ---

dumunung sawiji | awit bolong têrus ||

28. Dwi pan loro bagêm wardinèki | kwadonan sayêtos | wit Andini abaga puruse | duwi loro purus wus ngaranni | ingsun lan Andini | padha duwe purus ||

29. Duwi loro srênggi sungu yêkti | sungune mung loro | tri têtêlu nabi wudêl rêke | ingsun ibunira lan Andini | padha nyiji-nyiji | gênêp dadi têlu ||

30. Sapta pitu tri sun pandêlêng ing | cahya mata yêktos | lah etungên mripat pira kèhe | Sang Hyang Kala matur anggaligik | rama kirang siki | jangkêpipun pitu ||

31. bênêr kulup kang katêlu mami | anèng cêthak manggon | astaningsun papat têmbungane | astha wolu pada apan sikil | sun dwi ibunta dwi | si Andini catur ||

32. Catur papat gutha wêrdinèki | paringsilan yêktos | ingsun lawan Andini ganêpe | mula iku dakgawe mêkasi | dadine sakalir | saka loro kulup ||

33. Wis pungkasan panganên wakmami | aywa ewuh rikoh | nanging sira tumingala age | maring wiyat samêngko Hyang Rawi | wus wanci punapi | Kala nêngèng luhur ||

34. Matur sampun gumlewang Hyang Rawi | Guru ngandika lon | dadi nora kêna sira anggèr | mangan ingsun wus kasèp ing wanci | Kala mangênjali | (m)barêbêl wêtu luh ||

35. Sênggruk-sênggruk rama langkung wêgig | (m)bêbêngok maringong | iki kulup dadi undhe-undhe | nahan jênênge wong anyèlèngi | kalamun wong uning | ing cèlèng lumayu ||

36. Têmtu kamitênggêngên ningali | mula têmbe Dhoglong | lamun sira olèh mamangsane | aja gêlêm diajak cariwis | mênèk anêlahi | lir caturku mau ||

37. Lawan maning wêkasingsun kaki | poma dikalakon | ana têlung prakara cacahe | kang rumuhun yèn ana udani | titipannirèki | kang ana babathuk ||

38. Iku nama caraka dibalik | kalorone manggon | anèng têlak dene katêlune | pan dumunung nèng dhadhanirèki | yaiku cacahing |

--- 2 : 305 ---

jênênging balamu ||

39. Têrusane kang ana ing gigir | kawruhana dhoglong | pan cacahe bojomu balane | utawa yèn ana kang udani | ing sarandunèki | badanmu sakujur ||

40. Ywa ko§ Kawaosa / kok /. anggêp manungsa sayêkti | ingsun kang nèng kono | amanuta saujar-pakone | sarta idhêpên ing lair batin | kulup aja lali | dènawas dènemut ||

41. Lamun sira tan ngèstokkên kaki | nandhang papa abot | sun-jabakkên ing yoga dewane | wus banjurna angupaya bukti | sunparing basuki | atus ingkang dhawuh ||

42. (n)Dêdêl nitih sang lêmbu Andini | lamat-lamat katon | Sang Hyang Kala laju ing lampahe | sigêg gantya kang winarna malih | kocap Mêndhanggati | malik têmbang pucung ||

163. PocungTeks asli: Pucung.

1. Nyai randha prihatin lan sutanipun | jalu tanpa kadang | karan Jaka Jatusmati | pinaraban Jattusmati Jaka Mulya ||

2. Miskin trabas karyanya asade kayu | rèncèk lan ron plasa | anuju dina sawiji | nyai randha tampi wangsiting jawata ||

3. Jaka Mulya pasthi nir cintrakanipun | yèn adus ing tlaga | Madirda toyanya wêning | nyai randha sru ngarih-arih ing wêka ||

4. Dhuh anakku wong abagus mêlês mulus | di(m)bangunturuta | marang ujar kang mrih bêcik | dadi suka rêna atine si biyang ||

5. Marènana anggonmu wangkal awêlu | aku iki kandha | tampa wangsiting dewadi | lamun kowe adus talaga Madirda ||

6. Nora ketang saciluman banjur uwus | wit sirèki bocah | ingaranan ontang-anting | yèn kalakon masthi cintrakamu ilang ||

7. Jaka Mulya amangsuli iya biyung | nanging (n)jaluk opah | akêp-akêp jagung bukti | yèn wis adus dak pangan ana panasan ||

--- 2 : 306 ---

8. Nyai randha kalangkung sukaning kalbu | rinangkul kinudang | dhuh anakku jantungati | aku mangkat kowe banjura mring tlaga ||

9. Wus umentar praptèng tlaga ayun adus | mangu duk tumingal | rasêksa kungkum ing warih | Sang Hyang Kala tatanya hèh bocah apa ||

10. Têka mrene apa kang dadi karêpmu | Jaka Mulya mojar | aku bocah ontang-anting | de jênêngku Jatusmati Jaka Mulya ||

11. Nake biyung nyai Prihatin ing dhusun | Mêndhanggati kana | arêp adus talaga-di | awit saka wangsiting dewa kawasa ||

12. Cintrakaku ilang anêmu rahayu | tan na kara-kara | kowe buta mêmêdèni | lah mêntasa banjur lungaa kang têbah ||

13. Sang Hyang Kala suka amarwata sunu | (ng)guguk aris nabda | i dalah kapasangyogi | luwih apik klêbu wêtêngku kewala ||

14. Cintrakamu pasthi ilang saknyawamu | Jaka Mulya mojar | dudu padon aku suthik | o lah blai gya lumajar lonjong lêrak ||

15. Sanghyang Kala anglut ing sapurugipun | ki jaka umpêtan | bumbung wungwang dènlêbêti | Sanghyang Kala nyandhak bumbung wungwang sigra ||

16. Jaka Mulya mêdal saking sisihipun | Hyang Kala tan wikan | nabda kacandhak sikênit | mangsa (n)dadak gagala ing ngastaningwang ||

17. Bumbung tinon malompong isine suwung | o o mênyan pêthak | bumbung wungwang wus binanting | sru ngandika he he bocah wadu-barat ||

18. Golèkana wonge kang amasang bumbung | nèng nglatar yèn panggya | kayane êlongên aglis | sadinane rong kêthêngkèthèng. ywa kongsi kurang ||

19. Lamun durung kacandhak bêburoningsun | ing panjupukira | aja kêndhat sabên ari | kang sru ngintar cat katon Kala lumarap ||

20. Jaka Mulya lumêbêt pomahan gupuh | kapêlak jinambak | marucut (ng)gêblak lumaris | Sang Hyang Kala kaloloh suku

--- 2 : 307 ---

kalihnya ||

21. Nabda kojur sapa wonge kang anandur | pêpala kasimpar | ana sangarêping panti | têka bisa gawe cuwa kawirangan ||

22. Ing samêngko lung iki aranne waluh | bocah wadu-barat | tunggunên kasimpar iki | wohe paron yèn buronku wis kacandhak ||

23. Nadyan isih urip êlunge si waluh | daklilani ninggal | kalamun êlunge mati | lah tinggalên têmbe ywa nandur nèng nglatar ||

24. Sang Hyang Kala laju dènnira (m)bubujung | nahan kacarita | wong adandan-dandan panti | êmpyak ingkang sasisih sampun aminggah ||

25. Kang sasisih lagya rinancang abikut | sakaguru apan | pêndhême dèrèng pinati | Jaka Mulya nrambul mèlu nambutkarya ||

26. Sanghyang Kala kèndêl anyrabani gupuh | bocah konên lunga | iku rak bêburonmami | nanging ingkang nambutkarya tan uninga ||

27. Kang kapyarsa muhung swara gumarumung | datan na rinasa | lumintu anambutkardi | Sang Hyang Kala mindhik-mindhik arsa nyandhak ||

28. Jaka Mulya ampingan ing sakaguru | tansah bêng-ubêngan | Hyang Kala ngandika aris | hèh nututa aja ampingan ing saka ||

29. Apa kowe tan kauban dening iku | Sang Hyang Kala tandya | nubruk ki Jaka ngoncati | mamprung mêmêt mêdal saking jroning wisma ||

30. Wisma ambruk êmpyak ambyuk bubar kabur | Hyang Kala kajêngkang | saka êmpyak anindhihi | sapandurat minggu tan kawasa nabda ||

31. Angling ririh kajujur kalajur-lajur | dhuh simbok dhuh bapak | nganti makpêt panonmami | apa nora nana wonge kang atuwa ||

32. Omah iki dhandhang-ngêlak arannipun | e e wadu-barat | kayane ing sabên ari | jukukana tikêl lan kang masang wungwang ||

--- 2 : 308 ---

33. Sadurunge kacêkêl buburoningsun | aja kanti kêndhat | panjupukmu sabên ari | digêgojog maranga lak-lakan naga ||

34. Nora wêgah babo mring ngêndi karêpmu | di-lèngèng mandhêga | Hyang Kala nututi ririh | nêkêm sirah marawayan mêdal êrah ||

35. wontên janma èstri ayun mipis jamu | pipisan malumah | tinumpangan punang gandhik | prênah anèng ngarêp lawange kang omah ||

36. Kênthang-kênthang tinilar angracik jamu | anggi-anggi lawan | êmpon-êmpon warni-warni | nèng ngajênging patanèn tan na tinata ||

37. Jaka Mulya tunggu pipisan anyêngkruk | Hyang Kala uninga | manglung lawang ingkang kering | anyrabani marang ingkang darbe wisma ||

38. Hèh (m)bokayu bocah tunggu pipisanmu | nuli konên lunga | kuwi rak mamangsanmami | nyai wisma krungu swara tan rinasa ||

39. Dhasar bagus patute miturut nutut | ah aja ampingan | ing pipisan kuwi awit | saka kono (ng)gonmu sêgêr kuwarasan ||

40. Kang sinung ling tan praduli gya tinubruk | lêpat wus anginthar | Hyang Kala angidak gandhik | tugêl kalih pipisan mancêlat gêmpal ||

41. Tiba gabrus garès bundhas tandhês balung | kêrangkangan mêdal | ngêsês-êsês krasa pêrih | bojlèng-bojlèng eblis lanat ajêjegang ||

42. Kêsit têmên kakèkane gojog ngasu | apa duwe mantra | wêlut kuning dilêngani | nora jamak kaya nyandhak wêwayangan ||

43. E e bocah wadu-barat dèn agupuh | kang masang pipisan | longana kayanirèki | sabên dina kaya kang ngadêgkên wisma ||

44. Aja uwis yèn buron durung kapikut | marang ngêndi lanat | ngungsia dhasaring bumi | Sang Hyang Kala lumpêpaslumêpas. yudakênaka ||

--- 2 : 309 ---

164. Pangkur

1. Nahan wontên janma bêthak | lawang-kori kabèh dipun inêpi | de kang têngga kakèkipun | anèng jawining wisma | nyambi karya gêbêgan timah katungkul | Jaka Mulya malbèng wisma | tunggu dandang nguthik api ||

2. Kala kandhêg wangsul sigra | ngupadosi kang ngêntêp dandangnèki | pinanggih nèng têgalipun | lagya ramban janganan | sinrabanan (m)bok nyai muliya gupuh | dandangmu tinunggu janma | buburonku sipênyakit ||

3. Nyi wadon miyarsa swara | nanging warnanira nora udani | tulus arêramban mungkul | Kala wangsul tan drana | Jaka Mulya ngrangkul dhêngkul tunggu latu | Sang Hyang Kala (m)buka lawang | ki Jaka nêdya kadingkik ||

4. Wus oncat ampingan dandang | Sang Hyang Kala ngalètèr (m)bêkik-(m)bêkik | ki Jaka cinandhak mrucut | mungsêr ngubêngi dandang | pêgat-pêgat Hyang Kala ngandikanipun | hèh pangan sira nututa | ywa ampingan dandang iki ||

5. Apa si norasira ra. rumangsa | (ng)gonmu warêg saka ing dandang iki | wus purêngên dyan tinubruk | ki Jaka oncat mêdal | dandang rêbah Hyang Kala kaplèsèt guprut | gobag-gabig kicat-kicat | ingkang darbe wisma mulih ||

6. Uning dandange gumlimpang | tanya maring kaki kang anèng (n)jawi | e apa mulane iku | dandangku nganti rêbah | kang tinanya mèlu gêtun wacana rum | iku wong kêna sangkala | tiwas dandananing èstri ||

7. Lah nglakonana sarana | wudaa byar (n)jogèt ngubêngi panti | têpung-gêlang kaping têlu | daktabuhi dhug-dhug-brag | sarta dilokake wong edan barundhul | ngrucat busana linakyan | miturut warahing kaki ||

8. Kala maksih ngêmu duka | duk umiyat asru ngandika wêngis | iki uwong mlayu-mlayu | lan ngiwi-iwi mring wang | e e bocah wadu-barat dèn-agupuh | kajabane ingkang kaya | bêrase ing sabên ari ||

--- 2 : 310 ---

9. Êlongana pitung somah | lamun durung kapikut buronmami | aja kêndhat panjupukmu | i i têka wus têbah | êntènana si kêparat tukang mrucut | Hyang Kala anglut saparan | nanging lampahe arindhik ||

10. Wit ana pangantèn anyar | wanci ngarêpakên sirêping rawi | manglong-manglong anèng pintu | wênês ingkang wadana | angêrangu ngungak ulihe kang jalu | macul ngolah pasabinan | kathok kombor lawon putih ||

11. Sabuk biru èpèk lulang | ikêt masêm bathikan orang-aring | klambi silir dhasar pingul | kanthongan kering kanan | bawak cênggrèh kayu arèn dorannipun | panjang ukur kêpêl sanga | ki ngantèn kalamun mulih ||

12. Saking macul ing sasawah | gulu doran kinanthil-kanthil thirik | kandhatan udhèt myang wêlut | kanthongan ingkang kiwa | isi ulam kropokan saananipun | de kanthongan ingkang kanan | isi ron gundha sêmanggi ||

13. Mantuke tumêkèng lawang | ingkang wadon mapag amarêk ati | (n)jèrèng pêncot kêmbênipun | wadhah sêmanggi gundha | tangan têngên (n)dudut rêrèntèngan wêlut | kur mangkono bae têka | dadi sênêng anglamlami ||

14. Nuju angop (m)bok pangantyan | Jaka Mulya manjing tutukirèki | nyarêngi Hyang Surya surup | ni (m)bok ngantèn katingal | cahya wênês êbyar bawana sumunu | sumilak sumorot jênar | mawèh rarasing wiyadi ||

15. Iku purwanira ana | aran candhik-kala têkèng samangkin | kajawi saking puniku | ujaring panggorohan | aywa karya margi prênah kilènipun | wisma cakêt têritisnya | punika boya prayogi ||

16. Kandhêg pambujunging Kala | anahên kung mangun kung kang nèng kori | wasana rum ririh ruruh | hêm lima kambi lima | puluh-puluh bêjane si ngisor irung | gonku (m)bubujung sadina | maksa mrucut si pênyakit ||

17. Wong lêbune (ng)gawe eram | lara kabèh rasane awakmami | ngintir-intir bangêt (ng)gêrus | ngêlak salit kalintang | lèrèn dhisik lagi ana kalanipun | dak ulatake ta sira | myang ngêndi

--- 2 : 311 ---

paranirèki ||

18. Sigêg lampahe Hyang Kala | dènnya (m)bujung mring Jaka Jatusmati | gantya wau kang winuwus | ing sêndhangMêndhangtamtu krajan (sesuai dengan bait-bait selanjutnya). Tamtukrajan | Buyut Wangkêng kadhatêngan putra mantu | rara Primpên sakaliyan | Buyut Gêduwal kang nami ||

19. Jaka Sondong pêparabnya | rara Primpên cinandra ingkang warni | jênar pasariranipun | sêmune ijo maya | lathi dhamis wadana nuksmèng sitangsu | mawèh sêngsêm kang tumingal | liringe galak amanis ||

20. Sèdhêt dêdêge rêspatya | dhèmês kèwês mêmês amilangoni | gandhang pamicara tanduk | tulus arjaning driya | mila tansah dadya kêkêmbanging kidung | de lakine ran Gêduwal | Mêndhang-gowong dhepoknèki ||

21. Awonne mung sawatara | dêdêg kakkong mathêkêl minthi-minthi | rambut jagung kruwut-kruwut | bathuke lètèr banyak | mripat abrit malolo sumèrèt sindur | irung bungkik nadhah-udan | barêngos pipitu sisih ||

22. Lambe nyongor kandêl wiyar | ngandhap dêblèh jajenggot kadi kambing | sukun datan mawi untu | nanging gunême tatas | karêm nginang gabrès angêlèbi irung | pinêndhêt mantu jalaran | têmên wêkêl karti tani ||

23. Kinèn laju sakaliyan | pinanggiyan nèng saluning pandhapi | pangudasmaraning kalbu | apa pêrlune baya | ngantèn iki ngênthêng-ênthêng têmu ring sun | Buyut Wangkêng manêmbrama | thole ngantèn padha bêcik ||

24. Buyut Gêduwal manêmbah | timbalane (n)jêng kyai kula pundhi | pangabêkti kula katur | pan kyai marasêpuh | Buyut Wangkêng sung pambagya marang sunu | padha bêcik sira rara | têkamu nèng ngarsamami ||

25. Iya pangèstumu rama | ngantèn Sondong matur amangênjali | nuwun Kyai marasêpuh | sowanipun pun kula | kang sapindhah dhapur kangên dibalipun | sampun lama botên sowan | kaping kalihipun kyai ||

--- 2 : 312 ---

26. Kula angaturkên pasrah | awonipun putra (n)dika tyang èstri | nuninggih lêstantunipun | dados rayat kawula | marcapada dugining dêlahanipun | aweta dhèncèng-dhèncèngan | karuwêlan tiyang kalih ||

27. Dènnya matur sangga uwang | konyor-konyor maripatipun kalih | wusing têlas aturipun | luh andrês marawayan | makidhupuh (m)blungkêr lambe klèngsrèh salu | Buyut Wangkêng wêlas mulat | gumuyu wacana mais ||

28. Mêngko mantèn ingsun tanya | lah kapriye mungguh patrapirèki | bojomu marang sirèku | sungkêming palakrama | Ki Gêduwal mêgap-mghapmêgap-mêgap. nêmbah matur | kadospundi marasêpah | putranta (n)dhuk dara nyai ||

29. Enjing satangining nendra | dhêlog-dhêlog main susur nèng kori | kula atag anyênyapu | utawi godhog toya | angêmprèti eca-eca nyomak-nyamuk | radi siyang kula printah | ucal-ucal ngrêratêngi ||

30. Basêngut malerok kesah | bilih kula mantuk saking ing sabin | maksih têbih kula bêlukbêluk = cêluk. | (n)dhuk (n)dhuk kakangmu prapta | tan sumaur kagyat kadhatêngan têngu | sabên mapan patilêman | lawang kori dèntêtêki ||

31. Sawiji dintên kalepyan | mapan tilêman kontên dèrèng kinunci | kula mlêbêt badhe nusul | (m)barangkang praptèng dagan | suku kalih dhupak kacêmplung ing tutuk | mak blêng jêmpol ingkang kanan | ngudhis-udhis (n)jawil sêntil ||

32. Langkung sakit kula dhawah | saking ngambèn (m)barangkang lajêng mijil | mutah-mutah ngantos (ng)gêrus | ilat manggung kêkadhar | têkèng enjing sawêg purun malbêt tutuk | bokbilih ginalih dora | kyai (n)dangua pribadi ||

33. dhatêng putra jêngandika | atur cuthêl mèwèk-mèwèk ngusapi | luh tumandho lambe dhuwur | campur lan umbêl akas | kadi santên ning-ningên pating kêlaprut | Buyut Wangkêng duk miyarsa | gumujêng sinamun runtik ||

34. Aja kumbi sira rara | apa nyata tutur mangkono nini | kalamun iku satuhu | paran ta karêpira | rara Primpên manêmbah mèsêm

--- 2 : 313 ---

umatur | dhuh rama pupundhèningwang | mugi ywa kalajêng runtik ||

35. Aturku kamirêngêna | yèn doraa ajrih sikuning Widdhi | baji(?) tamtu nora antuk | pangèstuning wong tuwa | papa bae kang tinêmu raganingsun | aku amêdhar lalakyan | mantumu si Kêthêr jijih ||

36. Wandane tan ana madha | carobone tangèh yèn ana nyami | bodhone kamoran lumuh | nganggo nora isinan | pilihane antukan pratandha suwung | rineya tumêmên karya | anggêpe anom karisik ||

165. Sinom

1. Mungguh ature kang putra | kêmase ngantèn tan sisip | ananging kapriye rama | (ng)gonku bisa anglakoni | akon (m)bêrsihi panti | nora duwe kêlut sapu | parentah godhog toya | kêndhile bênthèt waradin | kêrên lêmah kayune glugu wutuhan ||

2. Dakaturi nyigar-nyigar | dimène radaa cilik | wangsulane nora susah | yèn cilik ambêborosi | parentah ngrêratêngi | nylumbat krambil nora pêcus | mêmènèk sambat wêgah | golèk banyu mundhak atis | dak kalahi anyênyambat marang tangga ||

3. Aku mêthiki janganan | mas ngantèn kang tunggu gêni | têka ngantuk karênggosan | kêmpuse kaya garimis | satêmah gêni mati | saya mêmpêng (ng)gonne ngantuk | anjêblès dandang pêcah | mawut-mawut gêni mati | suprandene mantumu gêbacut nendra ||

4. Nèng ngarêp kêrên (n)jêrbabah | kaya turu kasursari | yèn têka saka ing sawah | manggul pacul nyangking kudhi | rêngêng-rêngêng mêdèni | tur awake gluprut êndhut | anjujug patilêman | niba brêg pacul sinandhing | ura-ura ngalampra tan tiba pada ||

5. Dak-kon wisuh mring pakiwan | wangsulane yèn wis garing | mêngko rak lunga priawak | banjur ngorok kaya sapi | lindurane nglangkungi | nora cêtha nanging (ng)galur | sabên rêp mapan nendra | sêmbari anggantèn dhisik | ngêmut susur klomoh lir têtêluh braja ||

--- 2 : 314 ---

6. Susur kacopot kinarya | ngusap bibir ngandhap nginggil | nganti ngêthèl yaknèn kêtat | dakêmutke amangsuli | mèk anyêp tan mêrkinting | de nalika nusul turu | aku nuju supêna | ana ing kananirèki | mêntas saka pasar atêtumbas bêtah ||

7. Ing marga ana luwangan | tan darana daklumpati | cupêt kacêmplung ing wangan | têtukonku kocar kacir | kaluwak mung sawiji | tiba ing luwangan mau | dakjapit sikil kanan | durung mêntas banjur nglilir | bangêt eram têka sikil karo pisan ||

8. Wus dènêmut ing kakangmas | jêmpolan anjêpit sêntil | banjur dak dhupakkên pisan | mantumu tiba kuwalik | bibir kang nginggil gathik | waton lawang bae bintul | tan agêng mung saklapa | bêrangkangan banjur mijil | mutah-mutah sawêngi tan mawi kêmba ||

9. Ah wong têmên nora (n)jarag | si mase dadi panggalih | aku banjur dikon dandan | mangkat sowan mrene iki | Ki Buyut ngandika ris | padha dene arannipun | nanging dununge lêpat | êrose saka sirèki | (ng)gonmu durung carêm caraning ngakrama ||

10. Dhenok aku nora ina | samana nganggo daktari | apa anane dakgêlar | muwung dene awit cilik | (ng)gonne mèlu ing mami | tumêkèng ing ngakiripun | bodhone dhasar nyata | nanging têmên tani bêntil | tangan anyêp tabêri anambutkarya ||

11. Sirèku uwis kaduga | nglakoni sapakonmami | wêkasan mangkono nyawa | rara lamun sira nganti | pêgat (ng)gènnira krami | dakjabakkên atmajaku | lah aja katon mata | sakarêp-karêpmu dadi | rara Primpên karuna nungkêmi pada ||

12. Dhuh (n)jêng rama apuranta | ywa kalajêng-lajêng runtik | yèn (n)jêng rama tan ngaksama | dadi apa awakmami | lan sapa ingkang sudi | ngukup marang raganingsun | wah nandhang sapudhêndha | tan miturut ing sudarmi | ing dêlahan pinasthi anèng naraka ||

13. Rama ywa kapanjang-panjang | galiyên mangkene uwis | lumrahe wong omah-omah | padudon kakêmbangnèki | jare (m)bangun trêsna sih | kêkêle anèng jinêmrum | kadi pêngantèn

--- 2 : 315 ---

anyar | basane rênggang gulali | anguruwêl kêmpêl kadi sata eca ||

14. Saèstune tan lênggana | miturut rèhing akrami | nanging yèn parêng (n)jêng rama | sartane kagungan picis | nyuwun ugungan mami | katanggapna wayang Cêngkung | kalamun wus kalakyan | kang dadi panyuwun mami | sakarsane kêmasekimase. (n)dhèrèk kewala ||

15. Ki Buyut kalangkung suka | lêga rasane kang ati | rara aywa tinggal candra | warnamu ngrêsêpkên ati | tan ana kang pinanci | miturut rèh mrih rahayu | thole Buyut Gêduwal | kowe mênyanga saiki | marang Mêndhangkawit hya§ Kawaosa / hywa / = ywa = aja. wêdi kangèlan ||

16. Kono ana wayang anyar | bêcik pamayangirèki | kyatingrat Kandhabuwana | kalamun sira wus panggih | matura ing kiyai | manawa dhanganing kalbu | lan nuju tan sarêngan | ing mêngko bêngi dakpurih | kaparênga mayang ana wismaningwang ||

17. Kadangwarga gawanana | bau angusung-usungi | Buyut Sondong matur sêmbah | nuwun inggih-inggih kyai | sarèhning sampun tapis | padhang jingglang ingkang dhawuh | pun kula kalilana | lajêng mangkat ing sakniki | iya thole aku banjur tata-tata ||

18. Mundur Ki Buyut Gêduwal | dupi dumugi ing (n)jawi | cangkelak wangsul manabda | e la jênang gula manis | durung pamitan nyai | wong gondrèng-gondrèng wèh gandrung | pinanggih ing pêngkêran | lagya ngracik gantèn wangi | ngrujit sêkar mlathi mênur gambir pêthak ||

19. Dumrojog Buyut Gêduwal | (n)dhodhok sangajênging kori | angling groyok mêgap-mêgap | dhuk gêndhuk dhiku wong dhandhing | ayu mrakati trincing | aku lunga ywa kok bêluk | sasuwene daktinggal | aja mêtu saka panti | sawêr ponthang dak mati rak mêlang-mêlang ||

20. Yèn dijawat cacing abang | rara Primpên duk miyarsi | aja (m)baung wis lungaa | mêngko daksawuri gandhik | congormu

--- 2 : 316 ---

dimèn tipis | mari kaya ngêmut lêsung | mas ngantèn palarasan | hut gandri mêta Nyi Boging | hêm hêm lothung olèh sasarapan ujar ||

21. Wus lêpas ing lampahira | nanging lali tanpa kanthi | sigêg lampahe Gêduwal | gantya kocap Mêndhangkawit | Nyai Randha Sumampir | ngadhêp risang Among Luhung | dhalang Kandhabuwana | pagêndèrpanggêndèr. Nyai Saruni | pangêndhangnya nama Kyai Kalunglungan ||

22. Nyi randha marêk ing ngarsa | cinariyos duk ing nguni | miskine kaliwat-liwat | mangkya thukuling rijêki | bisa iyasa panti | pandhapa gandhok myang lumbung | kandhang lêmbu maesa | pawon pisang slirang tharik | paregolan miwah sanggar palanggatan ||

23. Pagêr turus tumaruna | bênggang pinasthi sanyari | larèn wêning têpung-gêlang | palataran rêsik gasik | taru thinarik-tharik | sawo anjung kêpêl dhuku | manggis pêlêm rambutan | blimbing jambu pêthak abrit | tinon wingit samya dadi woh tan kêndhat ||

24. Nyi randha katingal rosa | anak putu ingkang têbih | miwah kawula kawraga | (ng)gili samya tumut panti | dadya ing Mêndhangkawit | rêja raharja kalangkung | wus karan ing karajan | pasare raina wêngi | jalu èstri tyase têntrêm tur kacêkap ||

25. Ki dhalang KandhabusanaKandhabuwana. | tanya mring Randha Sumampir | nyai ing salawasingwang | manggon ing wismanirèki | apa ta boya dadi | ribêt miwah katunanmu | sarèhning nganti lawas | randha matur mangênjali | dhuh kyai èstu botên pisan-pisan ||Kurang satu suku kata: dhuh kiyai èstu botên pisan-pisan.

26. Yèn kadi kang pangandika | tan sagêt matur kang abdi | mulyane badan kawula | rêjane kang Mêndhangkawit | saèstu awit saking | sawabipun Sang Linuhung | kang sarira Bathara | punapa wawalês-mami | tan lyan namung sumungkêm bêkti kawula ||

27. Maring Bathara Kawasa | paduka ingkang (n)jalari | sangêt panuwun kawula | bokbilih pinudyèng kapti | dhêdhepok Mêndhangkawit | dumadya pêpundhèn-ulun | saanak putu-amba | ki dhalang ngandika manis | iya nyai bangêt ing panrimaningwang ||

--- 2 : 317 ---

28. Kang dadi pamintanira | gampang katêmu ing (m)buri | amung ing samêngko sira | ywa aran Nyai Sumampir | ingsun paringi nami | Randha Asêmsore iku | kalawan tampanana | gagadhuhanira nyai | cacêkêlan lara èncok sasaminya ||

29. Sapa wonge meme sinjang | nganti kasurupan rawi | ing mangka nora dènêntas | lan maninge lamun janmi | mayokkên sambêl mungging | lèmpèr lêmah miwah watu | lawan mayokkên jangan | asêm enjinge binukti | dunungana§ Prayoginipun / dunungena / [sudah benar: dunung + ana = supaya ditempati]. lara encok iku padha ||

30. Asêmsore nuwun turnya | ngèstokkên sabda kapundhi | kasaru Buyut Gêduwal | kula-nuwun manjing panti | (m)bagêgêg anèng ngarsi | ki dhalang wacana arum | bagus sira bagea | pinangkanira ing ngêndi | lawan sapa kêkasihmu myang sêdyanta ||

31. Matur kang sinung pambagya | kyai (n)dangu ragamami | kala dèrèng asêsemah | Jaka Sondong pilih tandhing | kalamangsa kawingking | anyarêngi randhu rubuh | èstu pasihaning Hyang | pinundhut mantu kiyai | Buyut Wangkêng Mêndhangtamtu padhepokan ||

32. Dhinaupakên kalawan | putranipun ayu èstri | rara Primpên musthikèngrat | lajêng pinaringkên mami | Buyut Gêduwal inggih | mawi pinacak dhêdhukuh | ing Mêndhanggowong dadya | bubundhêl amisesani | semah kula bakjêng Primpên kula bêkta ||

33. Nama lami nama inggal | kasilêp awit kawijil | karan mas ngantèn kewala | Kalunglungan suka myarsi | kimase andêrmimil | nganggo salasilah (ng)galur | randhu rubuh kalawan | cacing mantu dhisik êndi | ah wikana kula botên dipunundang ||

34. Nuwun kyai sowan kula | ngintar mêmêt tanpa kanthi | wanci bêdhug dhêng (n)dhêrandhang | manrang bèntêr kontrang-kantring | mripat balêrêng aking | kêkonang pating kalêpyur | karingêt darodosan | gurung krakêt klêkêt salit | ambêgogok lungguh ing salu sampeyan ||

--- 2 : 318 ---

35. Sajatose awigatya | dhapur kinèngkèn kiyai | raka (n)dika marasêpah | dêlês dèrèng diwowori | Buyut Wangkêng kêkasih | pêpundhèning Mêndhangtamtu | noninggih kang sapisan | kintun pangèstu basuki | kaping kalih yèn bilih (m)botên sarêngan ||

36. Ing mangke dalu sampeyan | dipun aturi angringgit | dhatêng MêndhangtambuMêndhangtamtu. krajan | parlu ngluwari punagi | kang ngabdi tiyang èstri | salamine dèrèng atut | nêlaskên gunabisa | purun atut anuruti | nanging darbe panêdha tanggapan wayang ||

37. Mila kula gurawalan | marlokkên sowan pribadi | sangêt panyuwun kawula | kalampahanipun ngringgit | saèstu anjalari | ithak-ithuk mathuk gathuk | yèn sampun kalampahan | masajênge kula dhongdhing | angaturi uninga dhatêng sampeyan ||

38. Kalunglungan latah-latah | tobil nganti nora ngêrti | têmbunge nganthar ngalênthar | nganti ilang prêlunèki | ki dhalang ngandika ris | kapasangyogya ki bagus | iki pinuju sêla | matura kakang kiyai | luwih atut manira wus sagah sowan ||

39. Manthuk-manthuk Ki Gaduwal | ngilak-ilak tyasirèki | Kalunglungan sru ngandika | he he kimase wong (m)blêndhing | wong bêtah andêrmimil | aja pijêr manggut-manggut | iki kasêlak udan | dakdêlêng tan (ng)gawa batih | sapa ingkang ngusung kothak lan gamêlan ||

40. Kudu mangkat ing samangkya | (ng)gih kyai kula pribadi | mara bagus usungana | ana ngèmpèr kulon kuwi | pangusung aja srênti | kudu sakbrêngan wus rampung | Ki Jaka Sondong sagah | pamit lajêng amurugi | dupi miyat salin têmbang maskumambang ||

166. Maskumambang

1. Biyang-biyang ambakna wong marentahi | nora nganggo sawang | mring wong kaya awak-mami | pangantèn anyar tur tigas ||

2. Ambêlèrèt ikêt irêng têngah putih | têka kon gêgawa | rowa rokah-rokah iki | ning luput inaku dhawak ||

--- 2 : 319 ---

3. Rikning iya sapa kang bakal nong-aning | lemah-lemah mlumah | turu ngambèn dènsik-isik | banjur nusul (n)jaluk timpah ||

4. Nanging priye patrapku (ng)gonku ngusungi | rampunge sabrêngan | gamêlan pating talêning | wangune abot tur rêkah ||

5. Ana ingkang ènthèng pangiraku ringkih | lamun dak sunggia | dhêstharaku mobrak-mabrik | mulihake nganggo beya ||

6. Kalunglungan mara (ng)gablok saking wingking | Sondong gêdandapan | piye guse ngantèn iki | têka banjur kaya tlawah ||

7. Mingak-minguk nora nuli dèntandangi | ngêntèni apa ta | inggih kyai inggih-inggih | niki sawêg kula laras ||

8. E lah lucu nêmme nganggo digolèki | dakwarahi sira | ucula ikêt tumuli | kanggo buntêl gêndèr gambang ||

9. Kêthuk kêmpyang kêcèr saron lawan suling | bêbêtmu ucula | iku kanggo ambuntêli | kênong têlu lan suwukan ||

10. Bukak baju kanggo angêlêd-êlêdi | bonang nunggal gangsa | sabuk lolosên (ng)go tali | nyêbrak sêtagèn kinarya ||

11. Ngêrut-êrut saèpèkmu aja kari | sinunggi kang kothak | rancak lan tumumpang nginggil | dalah kêndhang plangkan rêbab ||

12. Gayor kanggo mikul kang rong buntêl iki | ana pundhak kiwa | pundhak têngên dènsampiri | sikil gayor loro pisan ||

13. Cinanthèlan balencong parabot kêlir | tangan kiri kanan | nyangking kêmpul siji-siji | drohun ran uwis kacêkap ||

14. Jaka Sondong kêlop-kêlop angling ririh | cilaka rambatan | kujur ngêpok blai mêncit | iba wêlase kang mulat ||

15. Cacah rolas dijupuk kang roro iji | puluh dikapakna | kapriye (ng)gonku sumingkir | dak-sangènanesanggènane. kewala ||

16. Nora (ng)gawa abrag-abrag nora nyunggi | gangsa kothak wayang | nyunggi bokonge wong nêcis | ngusung masjênge sing nyanthas ||

17. Wus rinakit rampung ginawa pribadi | Ki Gêduwal mangkat | suka wêlas kang udani | lampah rindhik tan lembeyan ||

18. Kyai dhalang ngandika mring nyai panti | karia raharja | saanak

--- 2 : 320 ---

putumu sami | iya ing sapungkuringwang ||

19. Kangbok tuwin uwa Kulunglungan wawi | mangkat mupung siyang | bilih kadalon nèng margi | Mêndhangkawit wus kawuntat ||

20. Sigêg Nyai Asêmsore Mêndhangkawit | gantya adêgira | Buyut Wangkêng lan putrèstri | pinarak anèng pandhapa ||

21. Kacarita sapungkure kimas ngantin | dhukuh kagegeran | buburon wana anggili | malêbêt mring padhukuhan ||

22. Nora katon dhudhukuh katon wanadri | pramila ki wisma | sangêt dènnya nganti-anti | putra mantu kang dinuta ||

23. Ngandika ris marang putranira èstri | rara kaya paran | têka mangkene puniki | sapungkure lakinira ||

24. Dene buron saisine ing wanadri | lumêbu mring dhêkah | sajake arêp lêstari | mèt papan amanggon jênak ||

25. Kang dakarêp-arêpdak arêp-arêp. mung lakinirèki | rama atur wikan | mau bêngi aku ngimpi | mantumu dhinahar sima ||

26. Anèng wana saprabote brêsih tapis | manawa têmênan | buron iki (n)daradasih | ngupaya tunggale baya ||

27. Buyut Wangkêng angandika sêmu runtik | iku catur apa | ala-ala amalati | ywa ko(k) pindho kang mangkana ||

28. Tan pantara dangu kêmasekimase. kaèksi | rêmbên lampahira | ambêntoyong bêktanèki | gupuh Ki Buyut parentah ||

29. Maring batih mara tulungana aglis | rara apa iya | kae lakimu kang prapti | mênèk karo ngirit dhalang ||

30. Mara gêlarana kalasa kang rêsik | wedangmu sêngkakna | aku dak mapag mring (n)jawi | rara Primpên mundur nêmbah ||

31. Kimas Ngantèn bêktane wus dèntampani | lajêng mring pungkuran | ngupadosi ingkang èstri | pinanggih rêracik sêgah ||

32. Ki Gêduwal (ng)galoso anèng taritis | pêgat-pêgat lingnya | mêmalad sihing kang èstri | nok-ênok sapungkuringwang ||

33. Sira apa ora katonên mring mami | lo bojomu têka | apa uwis cawis-cawis | wedang nyamik sêga jangan ||

--- 2 : 321 ---

34. Yèn wis ngombe wedang nyamikan sathithik | madhang kokoh jangan | bubar maêm mapan guling | kèlèk cêngêl pijêtana ||

35. Rara Primpên (m)basêngut mangsuli wêngis | e e mundhut wedang | apa tingalmu tan uning | galo-galo sumur kêbak ||

36. Nyamikane mênyanga kêbon pribadi | kae kêpêl sela | kang runtuh wus matêng uwit | sêga nisilana gabah ||

37. De iwake mênyanga pawon pribadi | jêgge mau turah | balung-balung sisa kucing | aku wis sadhiya jangan ||

38. Dhuh bojoku kabèh pakon daklakoni | sing ko§ Kawaosa / kok /. kêla apa | gadhon jangan bae dhisik | kang dak kêla wèt-awètan ||

39. Jangan pongge palapahe bêton kêcik | sambêle wutuhan | amung tanpa uyah trasi | lalabane isi lêrak ||

40. Ki Gêduwal sru sukèng tyas wus anggêndring | marang ing ngajêngan | rêngêng-rêngêng urut margi | kinanthi maluku têgal ||

167. Kinanthi

1. Ki Buyut Wangkêng wus tundhuk | ki dhalang gupuh kinanthi | panggêndèr miwah pangêndhang | lumuntur anèng ing wingking | pinarak têngah pandhapa | panêmbramanira manis ||

2. Adhi Kandhabuwana nung | kita amêthuk prayogi | sèwu bêgja kamayangan | karsa rawuh dhepok mami | lir roga mèh praptèng lena | mulyantuk usada adi ||

3. Inggih kiraka anuhun | ki buyut wacana malih | (m)bok adhi kita amapag | prayogi dhatêngirèki | lawan sintên kang sinambat | lawan kaprênah punapi ||

4. Winangsulan manis arum | kalangkung nuwun kapundhi | kang sarju mastani mring wang | kula nama Nyai Sruni | kalêrês kadange wrêda | kalawan dhalang kiyai ||

--- 2 : 322 ---

5. Mèsêm manthuk kyai buyut | kiraka kang lênggah wuri | suwawi kaparêng ngarsa | ulun amêthuk prayogi | sarawuhipun kiraka | myang sintên sinambating sih ||

6. (ng)Gih adhi sami pikantuk | dene nama kula adhi | karan Kaki Kalunglungan | botên mawi malih-malih | ki buyut (ng)guguk sukèng tyas | kiraka sampun prayogi ||

7. Adhi dhalang milanipun | sampeyan kula-aturi | wagêdasagêda. dados jalaran | mudhari ruwêting ati | awit putrane pun rara | (ng)gènne mangun palakrami ||

8. Sampun lami dèrèng atut | tansah êru sabên ari | anêlaskên budidaya | sarat-sarat gunadhêsthi | tan wontên ingkang tumama | malah kadi dènsêpuhi ||

9. Pinarêng lan wêdalipun | mangkya na wênganing ati | purun caraning akrama | nyuwun titingalan ringgit | dhalange Kandhabuwana | panggêndèripun pawèstri ||

10. Pramilane gupuh-gupuh | lajêng ngaturi si adhi | wêwah malih katambahan | sapêngkêre kang lumaris | pun thole ngantèn Gêduwal | sakèhe buron wanadri ||

11. Samya lumêbu mring dhukuh | tyasulun tambah prihatin | saking wangsiting jawata | mantune lir wingi uni | srana nanggap ngêl-ungêlan | utawi ananggap ringgit ||

12. Mila ing panuwunulun | mangke ing sadèrèngnèki | minggah pinarak panggungan | gangsa mungêla rumiyin | ki dhalang mèsêm ngandika | inggih kiraka prayogi ||

13. Mênggah gangsa ungêlipun | mangke sadèrènge kawit | kula namèkakên Gagal | ki buyut suka lingnya ris | kataluwa dlas samangkya | ing pangruwatipun adhi ||

14. Kula borongkên puniku | kiraka inggih prayogi | basanipun babarpisan | de sajèn-sajèn piranti | kula sumangga kiraka | kadi kang kasêbut tulis ||

15. Wus katampèn kyai buyut | pratelane kang sasaji | sinungakên maring putra | sampat sadaya miranti | kadi lodok Ki Gêduwal | nata-nata ngrakit-ngrakit ||

--- 2 : 323 ---

16. Paripurna sadaya wus | dhalang saknalika awit | talu anata gamêlan | kawusane dhalang luwih | kacarita buron wana | sirna wangsul mring wanadri ||

17. Dènnira têtalu suwuk | ki dhalang lajêng mangarsi | lampahane Manikmaya | gantya wau kang winarnawinarni. | rara Primpên wus busana | asinjang limar-katangi ||

18. Kasumêkan ijêm pupus | rimonge kuning dumêling | ukêl gondhèl barondongan | borokan sêkar taluki | jungkat pênyu jram sak-ajar | lungsèn ukêl argulo brit ||

19. Wida jênar marbuk arum | sasêngkang cêmêng cinêplik | sotya panunggul satunggal | supe bathok sisih gadhing | sêsêlut salaka mulya | supe tajug kanan kering ||

20. Rampunging karya mangapus | sap-asta jingga sumampir | anèng asta ingkang kiwa | cukil karna silih asih | kênarèn mas isi bawang | sorog pêthèn lading gapit ||

21. Asta ingkang têngên manggul | talam alit isi sari | rinujit badhe sangsangan | malathi sinêling gambir | karang mêlok tinêngahan | argulo jênar myang abrit ||

22. Lawan gêgombyoking dhuwung | campur bawur ganda minging | badhe sêkar palênggahan | konyoh jênar arum wangi | talêkêm lisah jêbadan | gantèn mengkol sêdhah sêmprit ||

23. Sadak apu bumbon alus | gambir sêdhêp sêmu manis | jambe jênar nêmpol ngambar | panasar trus tanpa isi | sata eca dhinèdhèssan | sês wiru sinumpêt mathis ||

24. Têmpaos uwur kinaduk | sang dyah lumampah nèng ngarsi | ginarubyug para warga | prapta (n)jujug cakêt kêlir | pinarak ajêng-ajêngan | lawan kyai dhalang sigit ||

25. Mung kêlêtan widhig janur | datan mawi dèntangsuli | binuka katon ki dhalang | sinawuran urapsari | (m)baladêr ing palênggahan | talam katur linut liring ||

26. Kurang thithik adu dhêngkul | sang dyah aturira ririh | cumanthaka dasihpara | kumapurun angaturi | sêgah sawontêne dhêkah | mêrgaya bilih prayogi ||

--- 2 : 324 ---

27. Muhung dados cihnanipun | sumungkême ingkang dasih | dhuh mugi dipunparêngna | cumadhong èsthining ati | ngagêm sêkar konyoh jênar | nyamping jinêbadan wangi ||

28. Gantèn ginêgêt ing pucuk | êsês sakêbulan naming | ki dhalang nampèni talam | nglocitèng tyas baya iki | bojone bagus Gêduwal | patut ana tut kêpontit ||

29. Wasana ngandika arum | pasugatanira nini | bangêt panarimaningwang | sartane ingsun lêgani | kang dadi pamintanira | sang dyah sukane tan sipi ||

30. Dumadya sangêt nahên kung | wayang wuyungan ing galih | ki dhalang lamba kewala | nulya nglajêngakên ngringgit | kocap Ki Buyut Gêduwal | bikut dènnya nglaladosi ||

31. Sugata dhalang wus rampung | nyandhak niyaganirèki | ngladoskên wedang pangêndhang | kinintên menda kabincih | kinêpruk ing tabuh kêndhang | sakayang Gêduwal (n)jêngking ||

32. Makprêg rai ngêpruk kriyuk | rêmuk mawut (m)balabari | mripat klilipên pêcahan | lambe katlusuban cangkir | rai dhadha ambêranang | dadi kraos panas thithik ||

33. Ikêt kasingsal kacêgur | têmpolong wus isi lami | agadêg nyat sirah katulak |Lebih satu suku kata: ngadêg nyat sirah katulak. gayor gong garêse gathik | lawan êgong panyuwukan | (n)dhoko sambate dêrwili ||

34. Wong sêngit tan katarèku | apa kapanjingan eblis | kabangêtên sasêmbranan | dosa apa mring sirèki | nyawiyah sawênang-wênang | nyang wong panas jêring manjing ||

35. Yèn wurua dene durung | sunggata badhèg lumadi | babo babo cobak aja | dakpèk gawemu kiyai | dak ngene yèn aku wêgah | adhuh adhuh barêng mati ||

36. Ki pangêndhang api watuk | kêkêl kêndhang dènsungkêmi | (n)dêngèngèk sarwi ngandika | bagus hya dadi tyasnèki | kang agung aksamanira | pandêlênge wong wus boging ||

37. Daksêngguh ki mau wêdhus | ngonyok arêp anocoki | suguh sêga lan panganan | mula banjur daktêmpiling | rikne gêtunku kaya pa | (m)bok ya sêtaun yèn mari ||

--- 2 : 325 ---

38. Bubare wayangan besuk | sira masthi olèh jampi | cêngkir gadhing pipingitan | banjur wani nong anuning | pangajapanmu ing tawang | saksayahe anuruti ||

39. Ki Jaka nir napsunipun | sirna kang karaos sakit | kerogan gumuyu latah | ngling lucu kiyai iki | tètèse kang pangandika | mugi-mugi anêmahi ||

40. Inggih kyai sampun-sampun | cêkak tan dados punapi | sawêg cilakaning badan | manawi ing têmbe manggih | sukawirya pinilala | ing ngagung wong ayu kuning ||

41. bênêr calathumu bagus | banjurna (ng)gonmu ngladèni | (ng)gogohi ikêt grênêngan | bêcike kapriye iki | arêp matur kyai dhalang | nyuwun lakon nyênyês manis ||

168. Dhandhanggula

1. Lamun ingong adandana maning | bali nganti garinge kang dhêsthar | kasuwèn cèwèt pêrlune | (m)bok ngene bae uwus | ngarah apa mangsa apangling | barang kang cêlak kothak | kyai kula nyuwun | lampahan kang nyênyês-nyanyas | mukêt rame salah satunggal kang pundi | pala kêlawan ekrak ||

2. Kyai dhalang dèrèng amangsuli | miyat kang èstri macak anyanthas | ngalela cakêt lungguhe | lan ki dhalang mèh gathuk | Gêduwal ngling gèdhèg nudingi | bil tobil bangêt eram | marang sira gêndhuk | la (m)bok aja cêdhak-cêdhak | (ng)gonmu linggih marang kyai dhalang kuwi | lanang tur dudu sanak ||

3. Upamane tan kêlêtan kêlir | banjur ruwêt nyandhêt kene kana | angèl ucul-uculane | ri kang sinungan wuwus | rara Primpên mamanas ati | mucang nunggil kêcohan | angêlorot susur | Ki Gêduwal têbah jaja | gêtêm-gêtêm undurira nolah-nolih | sigêg lampahe wayang ||

4. Nyai Juru satamunirèki | miwah jalma kang samya umiyat | sêpuh atanapi lare | suka mawantu-wantu | saya kathah ingkang

--- 2 : 326 ---

ningali | ing pandhapa wus kêbak | palataran pênuh | kang tan wruh wujuding wayang | têka trima mung myarsa cariyosnèki | sukane nora beda ||

5. Ki Panjangmas dènnira angringgit | Murwakala nyênyês krasèng driya | lumintu babanyolane | dhasare kaduk cucut | para èstri samantên ugi | sayuk asuka rêna | kapingkêl kapoyuh | gumujêng ambata-rêbah | ana ingkang (ng)gabloki rowange linggih | mijêt wêtêng balabag ||

6. Amangsuli adêge kang ringgit | Kandhabuwana dènnira mayang | tan tambuh tan ngorakake | maring kang mambu kalbu | nahan wau dhatêngirèki | mancapat kang umiyat | anggili gumrubyuk | randha krisik Mêndhangrêja | myang wêkanya rara Lekoh maksih sunthi | gombak (n)jêbobog gimbal ||

7. Ambagêgêg nyogo anèng ngarsi | linggih jegang tangan malangkadhak | de kang ana ing wurine | dayata§ Prayoginipun / kayata /. kaki Buyut | Mêndhangsuka dhukuhirèki | kakalih wêkanira | Candramawa sêpuh | kang nèm Jaka Bêlang-yungyang | kaduk juwèh nyaru kang lungguh nèng ngarsi | rara Lekoh jinawat ||

8. Tobil eram sabên nonton ringgit | uwong iki mêsthi uwis ana | (n)janggol nèng ngarêp lungguhe | êntute rêbut dhucung | brat brut thit thut nganti tundha tri | tur nimbrah sumarambah | tèmbêl têdhak ngirung | karo (m)bok mênêng kewala | dhela-dhela gèdhèg-gèdhèg gobag-gobig | apa bêndana tepas ||

9. Lo lo ngrêngkap rambute winiwir | apa arêp gêlungan tampahan | wathah ngarompyoh kèlèke | (ng)gêmbulêng kaya grumbul | makbrêng lêdhis anyir sathithik | kae bêrite nigan | manggung muntap-muntup | (m)bok wis nèh (ng)gonne gêlungan | lo rak mrucut iyah nganggo maleroki | nuli anarik cagak ||

10. Rara Lekoh nolèh nabda wêngis | si diblêgo diluwuk dilabrag | dikêpruk lêsung irunge | dingono-ngono alu | rogung jiwa wudêlmu jlanthir | wong edan tan prasaja | sak karêp-karêpku | dulêg nganggo sumakeyan | nora kêna wong nglêsêd ngaruh-aruhi | cungire criwis turah ||

--- 2 : 327 ---

11. Ngati-ati dakwadulkên nyai | nora jamak uwong kurangajar | cocotmu mêsthi dèn-onthèl | pêdhèt tan sawanan gung | biyung aku dilêladaki | wong sêrêng irung panjang | jlênthir wudêlipun | ae bèng têka mênênga | wong dijawat cêpak jatukramanèki | ngaliya ngarsaningwang ||

12. Rara Lekoh majêng dènnya linggih | junjung bokong êntute ngumandhang | nampêg kang anèng wurine | ngisis Mêyungyang jêpluk | rara Lekoh anampèl wêntis | gumuyu lakak-lakak | Candramawa muwus | dhuh-adhuh saduluringwang | ywa cariwis mundhak camah sira yayi | tur sinaru ing kathah ||

13. Nganti silêp caritaning ringgit | ki Mayungyang (ng)glêgês nabda sora | anu kang dhèk Paing kae | arinta ngidhang kaul | marang pasar nadar ngluwari | sarana nganggo bêksa | wirèng tamèng pênthung | tamèng bathok pênthung carang | sabên pasar dak jogèti sung rijêki | saka dhawuhing dewa ||

14. Ambêntoyong bubar pasar mulih | lali nora (ng)gawa punakawan | klincutan dakgawa dhewe | mung jênang alot têlu | dakmut kabèh nora kêtawis | tumêkèng kali nyabrang | kithing aku wêruh | lintah mantu bêbesanan | karo kinjêng bubar têmu (m)bukak ati | nayuban sopyan-sopyan ||

15. Pacêt jogèt gêndhing Jangkung-koning | kang nglarihi Cèlèng lan (m)bah Ima | tiba gong ngaturi ngombe | aku kêkêl gumuyu | jênang têlu kolu tan kari | ah kabênêran kakang | ora sida gêtun | sabên esuk yèn bêbuwang | amung mêtu jênang alot siji-siji | dak pundhut misih wêtah ||

16. Kanggo sèmèk nganti tigang kenjing | têlas jênang miyos kaya pisang | mangu-mangu tyasku kiye | (n)jêtung mangemut-emut | apa yèku mêngko gèk tai | yèn sayêktine tinja | majik limis alus | yèku pasihaning dewa | pisang kêpok kukusaning midadari | ginanjarkên maring wang ||

17. Aku nekat siji dak icipi | têka êmpuk sêpêt sawatara | mung rada badhêg ambune | dadi karêm arimu | sabên ngising dakling-ilingi | yèn mêtu kaya pisang | enggal (ng)gonku (n)jukuk |

--- 2 : 328 ---

pamanganku sasingidan | aku isin yèn didakwa dhahar tai | wong satêmêne pisang ||

18. Nayataka nolèh anudingi | he he mênêng aja cêcaturan | ana wong dielikake | têka malah (n)dêlarung | ki Mêyungyang pi-api ajrih | kèndêl ujaring bapa | (n)dhèhèm alok gupruk | lo lo kae sing angêndhang | pancèn prigêl irama ajêg lêstari | pamangane tan kêndhat ||

19. Thung dhêng sruput kriyak mangan puli | Nayataka mundur-mundur nyandhak | wudêl pinuntir ngêlèwèr | Mêyungyang cêp (n)dêrkukul | lir sinêntak ingkang ningali | gar-gêr ambata-rêbah | ki Panjangmas cucut | tan wus yèn dèn-ucapêna | sukaning tyas jalu èstri lare alit | nahan ki Panjangêmas ||

20. Linajêngkên cariyosing ringgit | Jatusmati buburoning Kala | dhatêng (n)jujug pagongane | ngathêngkruk nabuh kêthuk | Sanghyang Kala gupuh nututi | kanggêg kandhêg ing latar | ajrih malbèng tarub | mandêng linggiyelinggihe. ki dhalang | mila nama kalasa têkèng samangkin | mundur Bathara Kala ||

21. Sèndhèn cikal tumaruna wanci | mila lajêng anama kalapa | satêmah dhoyong adêge | lah ing kana ta wau | Kandhabwana dènnira ngringgit | ngêtrapkên bêbanyolan | kang myat gêr gumuyu | Hyang Kala gumujêng latah | gumalêgêr kagyat kang sami ningali | ririh samya raosan ||

22. Guyu apa têka (ng)gigirisi | gigithokku mangkorog saomah | marinding sakujur nyabe | ngoplok bêbokong gathuk | nora enak rasaning ati | kesah alon-alonan | gusis èstri jalu | kocap kèndêl dènnya (n)dhalang | Kala nglela sarwi angandika aris | hèh dhalang bacutêna ||

23. Kandhabwana amangsuli aris | hêlo kowe si Kala kang prapta | Kala kagyat lon sabdane | hèh dhalang têka wêruh | sira marang ing jênêng-mami | ki dhalang mèsêm lingnya | pagene tan wêruh | têkamu mandhêg plinggihan | ya mulane aran kalasa puniki | banjur asèndhèn cikal ||

--- 2 : 329 ---

24. Mila jênêng klapa apa yêkti | iya bênêr tuturmu sadaya | ko§Kawaosa / kok /. mênêng apa sababe | mulane mênêng ingsun | padha bubar kang aningali | hèh hèh mêngko ta dhalang | ulun tanya èstu | purba wisesane sapa | kawruhamu Kala purbane ya mami | wisesane kang nanggap ||

25. Lamun ingkang nanggap marentahi | banjurake ênggoningsun mayang | saèstune lêkas manèh | hèh dhalang raganingsun | dhêmên bangêt ênggomu ngringgit | mara ge tutugêna | apa srananipun | sranane yèn akèh kurang | yèn sathithik turahe angluluwihi | Kala suka tatanya ||

26. Ulun ayun miyat lakonnèki | ing tutuge dhalang angandika | lakon Manikmaya kiye | pra dewa ngusung gunung | dhalang lamun lêga ing ati | banjurna (ng)gonmu mayang | ulun wèh sranamu | sataksawe uwang dinar | ki dhalang ngling aku êmoh opah picis | ah aèng sira dhalang ||

27. Têka ora arêp opah picis | sing kok karêpake baya apa | daklêgani saksayahe | Kala kok gêgêm iku | apa ranne ingkang sajati | iku kang ingsun têdha | dadi arannipun | Hyang Kala mèsêm ngandika | kang dakgêgêm badhama paesan iki | lah ênya tampanana ||

28. Ananging ta ingong darbe janji | aja nganti lêgi dadi tikta | badhama sampun tinampèn | ki Kandhabuwanèku | tandya lêkas angringgit malih | sêsêge saya tambah | nêngna kang winuwus | wontên durjana sakawan | siji nama Kuthila damêlnya madik | dwi Langkir karyanira ||

29. Malajêngkên barang (ng)gonne maling | tiga Pênthungluyung kang ajaga | kapat Jugilwar-aware | ambabah karyanipun | abipraya samya mamaling | katrênjuh janma nganglang | padhang oboripun | Kuthila Langkir lumajar | Pênthungluyung Jugilawar-awar kari | lumêbêt ing panggonan ||

30. Tunggil yaga tanggap anggêntosi | nabuh kêcèr lawan nabuh kêmpyang | nêngna kang wor niyagane | kacrita Kala ngantuk | nuju mênga tutukirèki | binalang tigan ayam | kakalih

--- 2 : 330 ---

kacêmplung | ngarosngraos. sêgêring sarira | garagapan jênggirat ngandika aris | hèh dhalang lilanana ||

31. Ulun mêtu ing (n)jaba kang awit | mega malang wus anggathêng têrang | kamanungsan baya mangke | Hyang Kala mêdal gupuh | praptèng (n)jawi mambêt gandaning | bêbayi lair lagya | sinuci ing ranu | barêsih nulya cinandhak | ing Hyang Kala kang darbe yoga cat eling | cat nora kaèngêtan ||

32. Jaka Mulya dupi aningali | nganan ngering Hyang Kala wus kesah | amasrahakên kêthuke | wus mêdal gya kapêthuk | ing Hyang Kala cinandhak aglis | gigithok tan kêna wal | ayun kinalêthuk | èngêt badhama paesan | nèng titipan Hyang Kala lumêbêt malih | kapanggih kyai dhalang ||

33. Sarwi tanya lah pagene uwis | iya Kala mangsane wis bubar | mula ingsun mênêng kiye | hèh dhalang iya uwus | lah rucatên kêlirmu aglis | aja padha caturan | kêlir rinucat wus | hèh dhalang badhamaningwang | êndak jaluk arêp prêlu kanggo thithik | ah ingsun nora suka ||

34. Êlo priye ulun rak wus janji | aja nganti lêgi dadi tikta | têka cidra dhalang kowe | dakijoli prabotku | êndi ingkang sira sênêngi | utawa uwang satak | sawe dinar mau | Kala yèn ingsun arêpa | wis dhèk mau (ng)goningsun gêlêm nampani | branarta kanggo apa ||

35. Hyang Kala ngling dakjunjung sirèki | mêsthi dadi larane tyasira | ki dhalang rum andikane | tan dadi manahingsun | lah kêpriye karêpirèki | de kang dakjaluk Kala | bocah loro iku | kadarbeya ing manira | parènèkna yèn uwis ingsun tampani | badhama tampanana ||

36. Sanghyang Kala jêgrêg tan kêna ngling | ngunandika iki golong aran | nyandhungi (ng)goningsun golèk | ing mamangsan satuhu | mundhak aku kelangan kalih | nanging antuk lilima | yèn panujèng laku | pitu pisan dadi pangan | wacana ngling badhama ulungna dhisik | marang ing jênêngingwang ||

37. Nora angèl bocah loro iki | janji uwis nampani badhama | pasthi banjur dak-lungake | ki dhalang andika rum | apa kowe tyas

--- 2 : 331 ---

sanggarunggi | tan ngandêl jênêngpara | upamane ingsun | darbe anak ayu endah | kok karêpkên apa bocah têka dhisik | iku basa (n)dupara ||

38. Ya ta wau Hyang Kala gumlindhing | lare kalih wus katur ing dhalang | badhama pinaringake | Hyang Kala tatanya rum | mungguh kowe kalawan mami | tuwa êndi ta dhalang | Kala tuwa aku | Hyang Kala malongo nabda | hèh (m)bok raub tlaga Madirda rumiyin | rak tuwa raganingwang ||

39. Kyai dhalang mèsêm ngandika ris | Kala sira têka ngaku tuwa | apa ta dhèngêr asale | duk durung ana Ingsun | o lah dhalang ulun tan uning | balik kowe apa ta | wêruh asalingsun | dhalang ngling pasthi uninga | ing asalmu sadurungira dumadi | hèh Kala rungokêna ||

40. Ki Panjangmas sung sasmita maring | ing niyaga mungêl gêndhing Dhêndha | jantur purwaka lamure | nalika awang uwung | durung ana bumi lan langit | tamat pamaosira | janturan kalamur | gya maos sampurnèng puja | wusnya tamat ngucapakên wayang malih | Hyang Kala angandika ||

41. I i dhèngêr têmênan wong iki | kyai dhalang malih angandika | apadene Kala kowe | isih awarna banyu | ingsun iya ngawuningani | ah maido wis ora | lamun sira wêruh | aku ngalah dadi mudha | mara payo arannana kang atiti | iya sira rungokna ||

42. Ki Panjangmas nulya anglêkasi | mungêl ingkang nama Santipurna | hong ila hèng bubukane | tumêkèng tamatipun | wusing tamat carita malih | Hyang Kala duk miyarsa | malongo gagêtun | kêlop-kêlop netranira | nabda ririh iya wus tètès patitis | jurudêmungmu tatas ||

169. Jurudêmung

1. Lah kowe apa uninga | titipan kang ana aku | pira kèhe myang rannipun | ki dhalang aris ngandika | yêkti bangêt gonku wêruh | pan ana patang panggonan | dene ta dumunungipun ||

--- 2 : 332 ---

2. Ana ing bathuk sajuga | caraka-balik rannipun | loro kang ana têlakmu | katêlu ana ing dhadha | Sastra-binêdhati iku | cacah ranne balanira | dene jangkêpe kang catur ||

3. Kang têrus ing gigir para | cacah jênênge sadarum | iya balane bojomu | lah mara masang karna |Kurang satu suku kata: lah mara amasang karna. tilingêna kang katêrus | Panjangmas asung sasmita | gangsa myang ricikan suwuk ||

4. Ki Panjangmas wiwit mêdhar | caraka-balik puniku | tamating pamaosipun | nulya Sastra kang nèng têlak | pamaosira wus tutug | nulya Sastra kang nèng dhadha | Sastra-bêdhati tinutur ||Teks asli: 3 (salah penomoran).

5. Titi ing pamaosira | nulya mêdhar Sastra kang trus | ing gigir sawusnya putus | Sanghyang Kala duk miyarsi | tatas-titis nêtês atus | larut bayuning kang ngangga | wingwrining tyas lon umatur ||

6. Iya wis aku narima | pancèn têmên kalah sêpuh | saiki ambapa ingsun | marang sira bapa dhalang | ki dhalang suka lingnya rum | Kala saiki lungaa | iya bapa aku nurut ||

7. Apa ing sapangrèhira | ananging panuwunulun | wacakêna Santikukum | têgêse iku uninga | lan Mandhalagiri luhung | anggêrêkkên balaningwang | akèh kang kaplêsit nylinthut ||

8. Cikmèn padha glis têkanya | Kandhabuwana ngling arum | lah iya luwih panuju | nahan Ki Panjangmas mêdhar | maos punang Santikukum | Hong purwayanti bukanya | tumêkèng satamatipun ||

9. Wusnya tamat nulya mêdhar | Mandhalagiri puniku | utawi Balasarèwu | rampunging pamaosira | nahan ki Panjangmas laju | crita mangkana Hyang Kala | tyas suka langkung panuju ||

10. Dhuh bapa wong tuwaningwang | muga andhangana kalbu | suka rêna asung wêruh | bapa aku wacakêna | Santi Banyakdhalang luhung | Kala iya luwih prayoga | kang dadi ing panjalukmu ||

11. Ananging lèrèn sadhela | Kandhabuwana lingnya rum | uwa Kalunglungan gupuihgupuh. | jêngandika babarêna | sakèh ingkang anak putu | wawrat ênèm myang parawan | pêngingên nonton rumuhun ||

--- 2 : 333 ---

12. Mênèk kenging Banyakdhalang | tan panuju têmbenipun | Kalunglungan madan asru | he he anak putu ingkang | mêtêng nom lan prawan kêncur | lah ta padha sumingkira | dene ta mêngko yèn uwus ||

13. Rampung mêdhbarmêdhar. Banyakdhalang | padha balia nak putu | nonton manèh saksayahmu | kang kinèn wus samya mentar | dhalang Panjangmas tumungkul | mêdhar ingkang Banyakdhalang | nyênyês arum swara runtut ||

14. Ingkang gêndhaga wus tamat | nulya ki Panjangmas gupuh | mangsuli cariyosipun | Kala matur kyai dhalang | bapa aku (n)jaluk adus | padusaku banyu mulya | dinèkèkan picis slikur ||

15. Kalawan kêmbang sêtaman | iya Kala iku uwus | dak sêdyani§ Prayoginipun / dak sedhyani /. panjalukmu | dhalang Panjangmas amêdhar | padusane Kala mau | rampunging pamaosira | wayang Hyang Kala sinambut ||

16. Têmbungipun siniraman | cêmpurit duding winasuh | ing sêkar sêtaman mau | sarampungipun kinumbah | gya winisik basanipun | wayang cinêlakkên kathahkothak. | ririh ing pamaosipun ||

17. Paragat maos wisikan | wayang Sang Hyang Kala sampun | wangsul tinancêpkên lungguh | cinritakkên Sang Hyang Kala | bapa sawuse awakku | kodusi§ Kawaosa / kokdusi /. asêgêr sumyah | aku (n)jaluk kudang kidung ||

18. Kowe bapa apa bisa | ngudang kaya (n)jêng pukulun | rama Sang Hyang Giri Prabu | ki dhalang mangsuli bisa | wayang Hyang Kala jinabut | jinogètkên ki Panjangmas | mêdhar kukudangan gupuh ||

19. Tamat mêdhar kukudangan | wayang Hyang Kala wus lungguh | tandya angabêkti matur | bapa pangabêktiningwang | sapisan kewala uwus | kanggoa ing salaminya | tinitah ing Bathara Gung ||

20. Kalamun ing Suralaya | sasêmbahanku Hyang Guru | ngarcapada sariramu | ing satêdhak turunira | dak rêksa sêtya satuhu | samonèku kang pinanggya | antaraning budi luhung ||

--- 2 : 334 ---

21. Kalair prasêtyanira | bangêt panarimaningsun | dak èstrèni ing lakumu | sampun mundur Sang Hyang Kala | ngandika mring garwanipun | nimas ngabêktia bapa | lan wadu-barat sadarum ||

22. Miwah padha anyuwuna | sangu apa sasênêngmu | Durga majêng ngraup suku | rama pangabêktikula | iya rara pangèstuku | sira agaweya papan | ana lorwetan puniku ||

23. Aran ing Krêndhawahana | urute si Kêndhêng gunung | abanjar dawa puniku | karo ing si Tênggêr arga | titahing dewa sararumsadarum. | kang murih marang ing dina | kailangan umur puput ||

24. Ing kene (ng)gonningsun nyetra | kariya milih sirèku | samono mau kang purun | nuninggih rama sandika | putrane anyuwun sangu | warni arta swidak uwang | abragging pawon sadarum ||

25. Miwah sèn-isèning griya | lêmpir glaran ingkang alus | myang sumêkan warni catur | pandhan binêthot sajuga | ijêm ringin kalihipun | katri songèr namanira | daringin jangkêping catur ||

26. Ing têmbe nak-putu ingkang | sami kapengin mangrasuk | sinjang sêkaran puniku | mawia jawab ing kula | sadangunira mangrasuk | kula lilani nganggoa | pangantèn inggal puniku ||

27. Bilih botên makatêna | datan lêga manahulun | tampia upataningsun | ya rara luwih prayoga | daktuturane kang kantun | mundur Dyah Bathari Durga | Hyang Panyarikan mangayun ||

28. Mangênjali aturira | kawula anyuwun sangu | ron karopak ingkang alus | kalih kisi pangot waja | pamintamu ingsun angsung | mundur Sang Hyang Panyarikan | mêsat mring kayanganipun ||

29. Gya Lêbakipun mangarsa | nêmbah matur dhuh pukulun | ingkang abdi nyuwun sangu | ayam jalêr èstri gêsang | lele kalih ingkang idhup | gêcok ingkang warna-warna | tuwin sinjang tuluh-watu ||

30. Sagêgêm sisih wos pêthak | warni sanga tumpêngipun | jadah warni sanga namung | sêkul asahan pênakan | kupat lêpêt lêgandha nung | pula-gringsing pula-gimbal | awug-awug kaduk juruh ||

--- 2 : 335 ---

31. Tatêdhan bangsa kukusan | rêmikan sapêpakipun | rujak bakal ingkang wutuh | cadhong jênang ingkang pêpak | pala kasimpar gumantung | pala pêndhêm mamêntahan | tuwin sinjang pêrlunipun ||

32. Kangge (ng)gendhong kang têtêdhan | prayoga ing panyuwunmu | Lêbakiyuk wus amundur | Kêblakdhêkla kang mangarsa | marèngès nêmbah umatur | pukulun gusti kawula | ingkang abdi nyuwun sangu ||

33. Sêkul ulam myang panganan | kawradinkên kancaulun | prayoga sapanyuwunmu | Kêblakdhêkla kang wus mêdal | Kalabanjar amangayun | kawula pun Kalabanjar | plataran panggenan-ulun ||

34. Ywa supe diprêtènana | tumpêng sakilan (ng)gilipun | wiyar sapêcak plêng namung | sawontêne ulam-ulam | dupa sêkar campurbawur | picis patang kèthèng wêtah | yèn tan makatên saèstu ||

35. Mindhak krêp ngumpêtkên bocah | iya atut panjalukmu | daktuturane kang pungkur | Kalabanjar wus umêsat | Kalaèncèr sowan matur | Kalsèncèr namakula |Kurang satu suku kata: Kalaèncèr nama kula. manggèn prapatan dêlanggung ||

36. Dipêrtènana wakingwang | tumpêng sapêcak (ng)gilipun | kang sakilan wiyaripun | lawuh ulam gêgorèngan | ulam gêgodhogan namung | jajanganan kêmbang gantal | dupa picis kèthèng wolu ||

37. Yèn botên makatên apan | kula mindhak asring (m)bêsur | jêngglèng tyang numpak kudhèstu | iya ing panuwunira | daktuturana kang pungkur | Kalaèncèr sampun mêsat | Kalajathok majêng matur ||

38. Kalajathok nama-amba | manggèn ing watoning salu | mênèk gêlêm nyanak ulun | sabên-sabên mêntas nêdha | watoning ambèn puniku | (ng)gih kadèkèkana upa | mung kalih sisih thil namung ||

--- 2 : 336 ---

39. Kang ajêg hya kongsi kêndhat | yèn wontên wisa puniku | saking jawi asalipun | amba sagah mangsulêna | iya Jathok panyuwunmu | daktuturane kang wuntat | kang sinung ling sampun mundur ||

40. Kalajangkung marêg nêmbah | amba nama Kalajangkung | manggèn ulon-ulon-ulun | kang dados panyuwunamba | yèn têmên panyanakipun | sabên tilêm myang tilêman | sampun sok idu mandhuwur ||

41. Bilih wontên wisa-wisa | kang saking nginggil puniku | kula sagah nulak wangsul | iya bangêt panrimèngwang | daktuturane kang pungkur | Kalajangkung wus amêsat | Nyi Kalaijèn mangayun ||

42. Nyai Kalaijèn amba | cumadhong dhawuh pukulun | punapa tumut tinundhung | punapa parêng kantuna | sira misia lêstantun | apa panggaweyanira | Kalaijèn nêmbah matur ||

43. Nuninggih dhatêng sêndika | anamung panuwun-ulun | yèn nuju wêdalanipun | lare momonge kang pêpak | iya dakwisik kang pungkur | Kalaijèn wus umêsat | gantya sinom sêkaripun ||

170. Sinom

1. Nahên ta ingkang kocapa | wadyane Kala wus gusis | ki dhalang Kandhabuwana | amatak Gumbalagêni | kèndêl criyosing ringgit | Kyai Panjangmas tumungkul | mêdhar Kumbala-asyaKumbala-apya; apya = geni. | tamat dyan ngucapkên ringgit | Dèwi Êsri Dyan Sadana wus mangarsa ||

2. Kandhabuwana ngandika | ingsun lêstarèkke Êsri | panggaweyan marcapada | ngratoni kanang rêjêki | manêmbah Dèwi Êsri | pukulun dhatêng anuwun | sandika ngèstokêna | panyuwunulun kang gêmi | kang nastiti kang sarwa-sarwi rêsikan ||

3. Saha ingkang gêmi ngucap | kang kêrêp ngangge wêwangi | bilih amarêngi olah | rêjêki longana kêdhik | jumputan namènèki |

--- 2 : 337 ---

kangge wilujêngan namung | sabên wêdalanira | utawi yèn darbe kardi | amamantu sak-dangane ingêlongan ||

4. Sagêgêm apan kinarya | wilujêngan nyapêkêni | tanapi kang darbe karya | ngajêngkên midadarèni | èstri jalu dènbêrsih | sontêne kramas garujug | jalêr numpangkên dandang | kang èstri (n)dadoskên api | ingkang jalu mususi napungkên bêras ||

5. Nyambat nyêbut dhatêng kula | utawi sampun tabêri | congkrah kalih anak rayat | kadang myang tangga têpalih | sukur yèn andarbèni | pajêgan dhandhing kumêndhung | dene yèn botên gadhah | klasa mawon sisikmêlik | bantal anyar kêndhi anyar kêbak toya ||

6. Dilah murup jodhog clupak | kang anyar lisah kang jêrnih | utawi manawi lêkas | angênèni raga mami | punapadene bilih | ayun nginggahakên lumbung | nganggea ingkang sarwa | rêsik agêganda wangi | amiliya dintên wanci kang prayoga ||

7. Pêrtenana myang slamêtan | sampun ngantos wontên cicir | yen tan makatên bathara | botên lêga ing tyasmami | ki dhalang ngandika ris | daktuturane kang pungkur | hèh kowe si Sadana | lêstariya sira dadi | ing ratune sandhang panganggo barana ||

8. Matur Rahadyan Sadana | pukulun langkung kapundhi | mênggah panyuwunkawula | sampun ngantos nyêri-nyêri | nganiaya kapati | dhatêng ing panganggènipun | sampiran kang prayoga | pring tutul alus sinisik | sampun ngêbrèh kang sae panggarapira ||

9. Bilih botên makatêna | èstu kula sêpatani | Kandhabuwana ngandika | dak tuturane kang kari | Dyan Sadana Dèwi Sri | sakaliyan sampun mundur | Hyang Gumbrêg wus mangarsa | (n)jêrum aturira aris | amba nami Gumbrêg dewaning maingsa ||

10. Pukulun panuwun amba | kalamun amangun-kardi | mati amragat maesa | katêdhanana rumiyin | rayate kyai panti | manganggea kang tinamtu | sarwi anggêgendhonga | têtêl wontên tenggok alit | mawi payung anyangking gêlaran pandhan ||

11. Maesa sawusnya rêbah | glaran ginlar dènlênggahi | lajêng kasêbawanana | ki Gumbrêg aku sung uning | momonganmu samangkin | daksêmbêlèh kanggo mantu | bisaa babar turah | utawane bokmanawi | mêntas kangge madamêl angolah sawah ||

--- 2 : 338 ---

12. Ginuyanga kinosokan | badane ingkang barêsih | tinuwukan têdhanira | myang sampun ngantos anggitik | pênjalin pêthaknèki | ngriku pangapêsanipun | sabên dintên Jumuwah | Wage atanapi Lêgi | myang Anggara Kaliwon sungu tracaknya ||

13. Kalisahana sadaya | miwah binorèhan wangi | kandhang sinajènan sêkar | utawi yèn nuju sakit | pojok lèrkilèn nênggih | kowong ginantung nèng ngriku | pojok kang kidulwetan | ginantungan blarak krambil | mung puniku pukulun atur kawula ||

14. Iya dakwarahe wuntat | Sang Hyang Gumbrêg wus umijil | Sang Hyang Mariyi mangarsa | andhêkêm umatur aris | amba nama Mariyi | dewaning ayam sadarum | bilih momongan-amba | yèn badhe dipun pragati | kinurunga sungana têdha kang kathah ||

15. Lah sukur mawi ginuyang | sinabawan kaki Mriyi | momonganmu ingsun pragat | kangge ewuh-ewuh yêkti | bisaa ambrêkati | babar kèh turahanipun | nuwun namung punika | dak tuturane kang wuri | Hyang Mariyi mundur Têmbalung mangarsa ||

16. Amba pun Têmbalung nama | dewaning cèlèng sabumi | jalma ingkang têgal sawah | yèn badhe kula têbihi | kapêsingana mami | tamtu têbih tan anginguk | ki dhalang angandika | daktuturane kang kari | wus amundur cèlèng Têmbalung mring wana ||

17. Nyai Wadon wus mangarsa | manêmbah umatur aris | saèstu amba punika | ninèkipun jabangbayi | nuwun bilih marêngi | jabangbayi kula suwun | ki dhalang angandika | mungguh panyuwunmu nyai | dakparingke nanging sira sumurupa ||

18. Bocah tiba-sampiranya | sira amung (ng)gadhuh nyai | kang duwe iki manira | kudu nganggo disarati | têbusan slawe picis | gêdhang satangkêp lan suruh | ayu saadunira | kajaba kang iku nyai | ingsun paring wasiyat marang si jabang ||

19. Kaanggowa êmban-êmban | jarik liwatan sawiji | lan tuluhwatu sajuga | dalingo bawang kinardi | nyuwuk si jabangbayi | nyai Wadon matur nuwun | inggih dhatêng sandika | katungka kengkenanèki | Buyut Wangkêng umatur marang ki dhalang ||

--- 2 : 339 ---

20. Ki dhalang kula dinuta | ing rakane kyai panti | kapurih matur sampeyan | gênahe (ng)gèn-(n)dika ngringgit | bibar lan dèrèngnèki | ki dhalang ngandika arum | kurang sadhela êngkas | ingsun arêp adus dhisik | we padusan turahane dijogana ||

21. Banyune kang sumur sapta | kanggowa adus ki panti | sakaloron myang rabinya | myang bocah kang dakrêsiki | siramên rambah kaping | pitu ngampêt napasipun | ing ngomah kawarnaa | lawe wênang mubêng ngering | kaping têlu lan kupat luwar sakawan ||

22. Ginantung pojoking ngomah | walikukun papat iji | pinathokkên pojok kisma | nylamêtkên sakuwasèki | ingkang dèn mêmulèni | luluhure dhèwèkipun | lan luluhure dhalang | dalah sakniyaganèki | apadene desane saisinira ||

23. Lan malih kang duwe omah | kang jalu miwah kang èstri | sadurunge bêdhug siyang | poma aja nganti guling | si nyai kang tinuding | matur sandika wus mundur | dhalang Kandhabuwana | nimbali ki Jatusmati | mareneya ayun dakadusi sira ||

24. Jatusmati wus mangarsa | Panjangmas dènnira ngringgit | kèndêl tumungkul amêdhar | padusane Jatusmati | pamaos wusnya titi | wayang ki Jatus sinambut | cêmpurit tudingira | kinumbah rambah ping katri | tinancêpkên malih mangsuli carita ||

25. Ngandika Kandhabuwana | hèh ki Jaka Jatusmati | lah kowe banjur muliya | apa ing saujar-mami | karo si Wadon kang wis | sira rungokake mau | ênggonên dikalakyan | yèn wis baliya sirèki | sarta kowe sunpasrahi dadinira ||

26. Kayu kalawan tulisan | sandika ki Jatusmati | wus mundur saking ing ngarsa | ki dhalang ngandika malih | ninèkne jabang bayi | ênya gawanên putumu | mulih mring wismanira | bocah mêtu tiba-sampir | wus tinampan mundur ingêmban liwatan ||

27. Pandung kakalih mangarsa | manêmbah umatur aris | pun Pênthungluyung namamba | damêlulun anjagèni | rencang amba puniki | julig Awar-awar komuk | damêlipun ambabah | kawula tiyang kakalih | lah ampuna lumêbêt dhatêng pagongan ||

--- 2 : 340 ---

28. Saèstu nêmahi pêjah | mila ulun aprajangji | prasêtya dhatêng paduka | nak-putu kang nunggil kardi | yèn puruna ngalani | dhumatêng kangjêng pukulun | myang sawarnining dhalang | satêdhak turunirèki | tuwin pandhe ingkang wus wignya ing karya ||

29. Turunulun kang anêrak | karêpe aywa dumugi | lan ampun panjang umurnya | kyai dhalang amangsuli | iya ingsun èstrèni | pandung kakalih wus mundur | wau ta kacarita | Kandhabuwana kiyai | myang panggêndèr atanapi pangêndhangnya ||

30. Katiganya samya siram | ki Panjangmas tandya awit | mêdhar padusane dhalang | kalawan panjak kakalih | titi pamaosnèki | wangsul acarita gupuh | sawusira asiram | ki Kandhabuwana aglis | matak-aji pamêling nulya dhatêngnya ||

31. Nênggih kyai Sapujagad | kang binêkta Garuwêsi | kalawan Sasapu-kawat | prabawa lesus mawêrdi | Panjangmas nyêmpala glis | kothak gongsa sampun umyung | suwuk ingkang gamêlan | Panjangmas carita malih | ki Buwana alon wijiling kang sabda ||

32. Babo kakang Sapujagad | mulane ingsun aturi | manirèki dirêsaya | marang kang adarbe panti | sapunên dènbarêsih | balane Kala sadarum | ingkang angkaramurka | manggèn pakarangan ngriki | aywa nganti wontên ingkang kaliwatan ||

33. Adhi rakanta sandika | ananging kula (n)darbèni | panyuwun ing ngajêng lawang | pipi kanan lawan kering | kapasangana sami | tutuwuhan ingkang patut | cikal kalih kang kêmbar | kalih gèdhèng pantunèki | kajêng lêgi kalih êlêr ingkang wêtah ||

34. Badhèg myang tètès sarkara | kalawan sêkul kang gurih | ulame lêmbaran ayam | kalawan lêmbaran antri | sinjang polèng rêspati | wiyar panjange sakayuh | kakang pamintanira | kabèh wus daksamêktani | Sapujagad mundur gangsa lajêng sampak ||

35. Kyai dhalang Panjangêmas | parêdèn cinandhak aglis | pinolahkên ngering nganan | kèndêl suwuk gangsanèki | Sapujagad mangarsi | matur mring dhalang linuhung | adhi kauningana | balanya Kala wus gusis | amung kantun kakalih kang

--- 2 : 341 ---

dèrèng kesah ||

36. Manggèn nèng sumur satunggal | Kala Lumut namanèki | tanpa babalung punika | namung daging lawan kulit | bisu budhêg kapati | mangke ngajêngakên surup | ki wisma dhawuhana | ngêmungkên jênang kang nami | baro-baro gangsal takir picis gangsal ||

37. wontên pinggir sumur dènnya | angêpung donganirèki | Tulak wêkasan raharja | putra wayah jalu èstri | kadhawuhana sami | ngatos-atos yèn mring sumur | tuwin hya wicantênan | kang sanès pangkatirèki | têgêsipun gugujêngan carêmêdan ||

38. Yèn purun angganggu-karya | mêsakakên damêl sêdhih | kang satunggalipun nama | Kala Lumêr sami ugi | namung kulit myang daging | manggèn nèng pawon puniku | srananya sabên dina | utawi yèn darbe kardi | punapa kang matêng mawi sinajèkna ||

39. Sakêdhik mawi sinrahan | kaki jurungana mami | sakajatku katêkanna | ing pawon ing sumur nyilih | ari malang marêngi | kasukanana puniku | sêkar konyoh myang dupa | têlas atur-ulun adhi | rèhning mangke wus rampung karya manira ||

40. Mantuk ing panggènaningwang | kakang (ng)gih andum basuki | Sapujagad wus umêsat | cinarita sampun nunggil | ing Kandhabuwanèki | dhatênge dintên pipitu | sami anyuwun têdah | tuwin kasampurnanèki | mring ki dhalang kang tan pêgat angsung padhang ||

171. Mêgatruh

1. Kang rumuhun ri Akat ingkang mangayun | ki dhalang atanya aris | sira anèng ngêndi (ng)gonmu | Akat matur mangênjali | ing jagad lèrwetan manggon ||

2. botên langkung nyuwun kasampurnan-ulun | iya muliha sirèki | marang ing daging asalmu | Akat mundur Isnèn prapti | punika ri jalêr yêktos ||

--- 2 : 342 ---

3. Dhalang tanya sira kang nèng ngêndi (ng)gonmu | ri Isnèn umatur aris | jagat lèrkilèn (ng)gèn-ulun | nyuwun kasampurnan jati | ki dhalang ngandika alon ||

4. Amuliha asalmu gêtih puniku | Sênèn mundur Slasa prapti | ari pawèstri puniku | ki dhalang atanya aris | kowe kang nèng ngêndi manggon ||

5. Slasa matur ulun kang nèng jagad kidul | nyuwun kasampurnan jati | iya muliha asalmu | saking ing otot sayêkti | Slasa nêmbah mundur alon ||

6. Rêbo dhatêng punika ri jalu tuhu | ki dhalang atanya aris | sira kang nèng ngêndi (ng)gonmu | ing jagad kilèn (ng)gènmami | nyuwun kasampurnan jatos ||

7. Amuliha asalmu saka babalung | Rêbo mundur Kêmis prapti | inggih ri èstri puniku | ki dhalang atanya aris | kowe kang nèng ngêndi manggon ||

8. Kêmis matur kang nèng jagat wetan ulun | nyuwun kasampurnan jati | ki dhalang ngandika arum | iya muliha sirèki | asalmu ing sungsum manggon ||

9. Kêmis mundur ari Jumuwah kang maju | punika ing dintên èstri | ki dhalang ngandika arum | lah sapa aranirèki | si Jumuwah matur alon ||

10. Kyai (n)dangu nama kawula pun Wujud | kula nyuwun mantuk kyai | ki dhalang lingira arum | manggonna ing jênêng-mami | si Jumuwah wus tan katon ||

11. Nulya ari Saptu pungkasan mangayun | ki dhalang atanya aris | lah sira sapa aranmu | nuwun Jatigana mami | nyuwun panglêburan ingong ||

12. Ki dhalang ngling iya mlêbuwa sirèku | ing awak pêkênirèki | jumênênga ilangipun | dhalang Kandhabuwana-di | ki Saptu wus mundur alon ||

13. Gya susumbar dhalang Kandhabuwana gung | ki dhalang Mas mêdhar aglis | susumbar sarwi tumungkul | tamat ing pamaosnèki | nulya lajêng wangsul criyos ||

--- 2 : 343 ---

14. Ngêcrèk kêprak wau ta ing kana wau | Kandhabuwana sawusing | maos susumbar malêdug | balane Kala sakalir | gangsa sampak tigang êgong ||

15. Wus sinuwuk tan mawi pathêtanipun | Panjangmas carita malih | ki dhalang nulya manêkung | angingkut jagatirèki | kawan prakara ginolong ||

16. Kang nèng jagat kidul abrit warnanipun | jagad kulon warna kuning | jagad lèr cêmêng warnèku | jagat wetan warni putih | gya (n)dêdêl ngawiyat alon ||

17. Gangsa mungêl yak-ayakan manyurèku | ki dhalang nulya apanggih | ing Sang Hyang Wênang linuhung | gangsa suwuk criyos malih | Sang Hyang Wênang tatanya lon ||

18. Sira sapa tumêka ing ngarsaningsun | ki dhalang turira aris | Jatirasa nama-ulun | apa mulane sirèki | têka jênêng kang mangkono ||

19. Dhalang matur kula mêngkoni saèstu | amba kang nèng awak mami | Sang Hyang Wênang sukèng kalbu | babo tampanana kaki | kang mangka ganjaraningong ||

20. Lah munggaha lênggaha jajar lan ingsun | ki dhalang wus jajar linggih | ngalih ran Raja-sinamur§ Prayoginipun / Rasa-sinamur / kadosdene kasbut ing Pupuh punika pada 24, 26 tuwin 28, tegesipun: raos ingkang samar [dan di tempat lain]. | Hyang Wênang ngandika malih | Raja-sinamur§ [ada tanda bintang tanpa keterangan]. apa wroh ||

21. Nalikane gawe bumi langit ingsun | pukulun inggih udani | sapa baya rewangingsun | inggih mung Tuwan pribadi | Hyang Wênang malih tanya lon ||

22. Dhèk lagine sun-gawe jagad sirèku | apa ta uga udani | inggih uninga pukulun | sapa rewangingsun kaki | ki dhalang umatur alon ||

23. Inggih amung Tuwan piyambak saèstu | Gusti kang nèng jasatmami | duk sira miyat jasatmu | sira tan miyat mring mami | apa sira ana katon ||

--- 2 : 344 ---

24. botên wontên mung Tuwan piyambak ketung | Hyang Wênang suka tan sipi | hèh sira Rasa-sinamur | uwis tampanana malih | kang dadi ganjaraningong ||

25. Tan lyan rasa pêkênira dhewe iku | ingsun tanya manèh kaki | duk kala sadurungipun | ana langit lawan bumi | apa kang ana ing kono ||

26. Inggih namung Dat balaka wontêninipun |Lebih satu suku kata: Inggih namung Dat balaka wontênipun. Sang Hyang Wênang mêdhar jati | wruhanta Rasa-ninamurRasa-sinamur. | ing rasa pakênirèki | iku iya rasaningong ||

27. Rasaningsun pan iya rasanirèku | wis sira linggiha aglis | ing Betal Balearas rum | Sang Hyang Wênang wusira ngling | (n)dêdêl ngawiyat tan katon ||

28. Ri sang Rasa-sinamur gumantya wau | kacriyos pinarak mungging | ing dhampar Balearas rum | sinotya jumantên wilis | gumêbyar sajagad abyor ||

29. Sigêg dènnya criyos Ki Panjangmas wau | tumungkul matêka nami | sèbêt ing satamatipun | nyêmpala kothak mawanti | sampak umyung tancêp kayon ||

30. Gya tumungkul Ki Panjangmas wus apangguh | lawan Pujangkara kyai | wawêlingira wus putus | ki dhalang salaman pamit | ingatêr jawining regol ||

31. Para tamu jalu èstri wus umantuk | gêr-gêran samargi-margi | kagagas luluconipun | kakêlir wus dènrucati | nulya ingantukkên gupoh ||

32. Lawan sajèn gangsal jodhang para langkung | ing pandhapi wus barêsih | mung toya sataman kantun | kupat luwar kawan iji | walikukun kangge pathok ||

33. Lawe wênang kinênthêngkên wismanipun | mubêngi warambah§ Prayoginipun / ngubengi arambah /. katri | kupat sakawan ginantung | pojoking wisma nyawiji | ing ngandhap sinungan pathok ||

--- 2 : 345 ---

34. Toya sampun ingêjogan sumur pitu | ngantèn Mastari rumiyin | siniraman kaping pitu | sarta ngampêt napasnèki | nulya ki Juru sakloron ||

35. Wusnya siram nulya abusana luhung | ing pandhapa wus rinakit | ambêngan mumule agung | luluhurira pribadi | Kyai Juru sakaloron ||

36. Luluhure dhalang sakniyaganipun | karajan saisinèki | rampunge kêndhuri luhur | Ki Juru wus kenging guling | sontêne Hyang Surya ngayom ||

37. Wus tinata kêndhuri nèng pinggir sumur | baro-baro gangsal takir | picis gangsal dhuwit namung | ngajêngkên suruping rawi | kaji Pak Goniyah gupoh ||

38. Maring sumur rarywa jalu èstri (ng)grubyuk | andonga Tulak-bilai | wêkasanira rahayu | paragat pandonganèki | pitutur mring sakèh uwong ||

39. Aja padha gojèg guyon pinggir sumur | rame-rame boya kenging | calêmêdan nora antuk | poma èstokêna mami | sadaya mituhu pakon ||

40. Dalunipun lajêng amaos Maulud | dene dalunipun malih | maos Mekradan (n)Jêng Rasul | ing malêm sapêkênèki | maos Kur'an asmarandon ||

172. Asmaradana

1. Ing ari sapêkênèki | siyang kêndhuri lujêngan | sapêkênira pangantèn | mirantos isarat-sarat | sadaya wus samêkta | babêktan tri pêthi agung | isi sasotya kancana ||

2. Sinjang lêlêmês myang lurik | sumêkan dhêsthar sêkaran | atanapi paningsête | rasukan manawarna§ Prayoginipun / mancawarna /. |Kurang satu suku kata: rasukannya mancawarna. èpèk miwah sap asta | rimong kurasi sutra lus | rangkêpan miwah lancingan ||

3. Pratelane sinjang bathik | unthuk-banyu cêplok-lintang | cêpake-gondhok kinanthèt | cêplok-manggis kinjêng-rênggang | satriya awibawa | kuwung-cakrakusuma nung | cêpaka-mulya sridênta ||

--- 2 : 346 ---

4. Sawe-sêmpal§ Prayoginipun / sawo-sêmpal /. saking uwit | kêmbang-kapas kêmbang-jarak | kapi-kadhondhong salobog | kawang-kamplang kêmbang-sêmak | lung kêstop-parangkrêsna | jangglêng wora-wari rumpuk | lonthang-jamblang pêksi-krêsna ||

5. Pakuningrat parangwèsthi | banci-malathi salangsang | banci-kasut sulamane | burbanagri madubranta | gambirsakêthi cakar | cindhe wilis miwah tunjung | limaran jayakusuma ||

6. Kêmbang-kênthang nagasari | kêndhaga kêmbang-kênanga | truntum-krambil sacukile | kêmbang-jêruk kahwa-pêcah | miwah ganggong-yujana | ganggong-winawi kapundhung | gringsing klungsu pandêlêgan ||

7. Galingsing-sondhe rêngganis | tambal-miring myang kanoman | ayam-pugêr trang-bulane | ila-thathit bolu-rambat | indhil-ori mrang-wêdhar | gandasuli êlung anggur | sêmèn-rêmêng sêmèn-rama ||

8. Sêmèn-pêksi drata-ritis | sêmèn jlêngut jlêngut-grudha | ngrèni mirong trate-gendhong | cuwiri êlung-dalima | êlung-laos êlung mawar | sidamukti sidaluhur | lêkatha rêngga-puspita ||

9. Pandhan-rangkah sangga-langit | sêmèn-srowot sêmèn-grudha | sêmèn-branjilin myang rondhon | sêmèn-jolèn citralangyan | rang-aring kalèwèran | manyura bagah-sinawur | kasumêkan dhêsthar modang ||

10. Anglung-jiwa anglung-rêsmi | tanapi sinjang awisan | muhung kinarya suwuke | parang-rusak warni gangsal | klithik kagok canthèlan | gêndrèh-barong parang-parung | daniris parang-kusuma ||

11. Utawi praboting panti | bêkakas mawarna-warna | miwah paraboting pawon | pangantèn wusing busana | nèng ngarêp pakrobongan | rama bu anggung pitutur | pratikêle wong ngakrama ||

--- 2 : 347 ---

12. Pujastuti ngandika ris | dhuh anggèr woting tyasingwang | ing samêngko wus wayahe | tinartamtu ngawruhana | wajibe kang wanodya | kudu nganggo kanthi tuhu | pangkat-pangkat tigang warna ||

13. Dene pangkat ingkang dhingin | rigên têgên mugên karya | kang aran rigên mangkene | bisa ing sabarang karya | ngrêrakit jroning wisma | tinata-tata kang mungguh | sambadèng pangruktinira ||

14. Rampung nora nguciwani | liring têgên ingkang jênak | marang ing sabarang-gawe | tumandang tan salèwèngan | kongsia paripurna | mugên wêkên§ Prayoginipun / wêkêl /. wardinipun | amungkul ati sajuga ||

15. Tan mangro tingalirèki | mantêp anêtêpi tekat | luluh rèh kadursilane | pangkat kaping loro rara | kang dhingin gêmi ika | ping kalih nastitinipun | angati-ati tiganya ||

16. Lire gêmi iku bangkit | angrumati samubarang | lawan mamardi dadine | baranarta pinapangkat | tan ithil datan loma | tan lèrwèh ambrah-brèh mubru | sirik saruning kang basa ||

17. Sarwa sasab barangkardi | tangèh yèn dènkatingalna | adoh ing guru-alême | lire nastiti datansah | matitiskên ing etang | barangkarya tuna lumuh | ngeman laku tan pakangsal ||

18. Lire ingkang ngati-ati | tindak-tanduk myang pangucap | masang netra amurwèng ngrèh | manuara ngarah-arah | patraping tanduk tanggap | laku linggih solah muwus | ngèsthi tyas wiwekatama ||

19. Wikan pakewuh ing ngurip | lamun lagi pinitaya | pinasrahan ing lakine | ngopèni wadi sabarang | tan kênaa sêmbrana | aywa keguh binabujuk | ing lyan kang amrih kawêdhar ||

20. Pangkat ping katri winarni | gumati ngrêti mirantya | kang gumati iku lire | tumêmên ingkang pinanggya | tumanêm anèng manah | dènnya mrih ngopèni kakung | amilala mulasara ||

--- 2 : 348 ---

21. Kang mangarti wadinèki | bisa manuju ing prana | anon ngawruhi lakine | wahyaning kang mangsakala | wardine amirantya | tansah anyênyadhang kayun | manci-manci sawancinya ||

22. Tabêri mrih condhong kapti | jagakarya dalunira | mangèsthi wajibing wadon | kinasihana ing priya | kasub dyah (m)bêg utama | nikèn Mustari tumungkul | mangênjali trusing prana ||

23. Kyai Juru angsung wangsit | babo kulup mantuningwang | rèhning sirèku samêngko | lagi punakawan magang | polah tingkah micara | dèn-angati-ati kulup | kang tabêri tuhu sêtya ||

24. Paitane wong angabdi | wêdi anastiti awas | bêkti gupuh rikat sarèh | sarta gêmi panganggêpnya | ing darbèking bêndara | mungguh tataning ngalungguh | ingaran trapsila-krama ||

25. Kang dhingin dhadhap winarni | angungkrêt dêdêg lakunya | manising ulat dènkaton | yèn mèh marêk ing ngayunan | mundhuk-mundhuk rannira | mungkrêt dêdêg ngêmbat dhêngkul | walikat cêthik dènêmbat ||

26. Gya mêndhak nyêmbah rumiyin | nuli laku-bokong ronnya | yèn wus laku-bokong jèngkèng | manêmbah ririh lênggahnya | wit sèlèh bokong kanan | suku têngên anèng ayun | mêpês malipis mararas ||

27. Wiwit dhêngkul kanan ngarsi | kang kiwa rada mring wuntat | ywa kasusu pamuwuse | yèn durung atrapsilanya | (m)bok ana kang kalingkap | têmah dêgsura rannipun | yèn wus atrapsilanira ||

28. Gya sikut tumumpang wêntis | ngapurancang driji wrata | cangklakan dènlêgakake | lambung ingkang têngên mêmbat | kiwa rada mring wuntat | mènglèng ngiwa jangga manglung | amrih karnanya miyarsa ||

29. Pandênge netranirèki | ukur tumanduking jaja | nora dêksura aranne | sarta tansah pasang cipta | wruh karsaning bêndara | yèn mangisor pandulumu | datan wêruh liring ngulat ||

30. Sêmbah yèn dinangu gusti | ros-rosing sabda dènawas | yèn wus

--- 2 : 349 ---

tutug timbalane | atur wangsulan dicêtha | ywa nyurêng aywa kêmba | lêmês tudingira tuduh | jêmpol tangan ingkang kanan ||

31. Lamun mundur patrapnèki | nêmbah jèngkèng malih nêmbah | mundur mingêr manêngêne | laku-bokong lir ajêngnya | gya marêg malih nêmbah | atumindak mundhuk-mundhuk | anuli dhadhap rêspatya ||

32. Nahên ta mantu kang tampi | piwulanging maratuwa | kasaru wau praptane | pêthukanira ki besan | Ki Juru mring pandhapa | kang pinatah amongtamu | mapag anèng palataran ||

33. Santri brai kang rumiyin | trêbang angklunge tinatap | rame umyung suwarane | kêmbang-mayang nèng wurinya | nulya krêmun binuntal | gya kapal parabot luhung | wêwatangan kasatriyan ||

34. Layu-layu nganan ngering | angurung-urung tumpakan | panêbus ginrubyuk wadon | kulawarga busanendah | warga jalu pungkasan | ingancaran gupuh-gupuh | sadaya sampun-pinarnah ||

35. Para èstri malbèng panti | jalêr pinarak pandhapa | lumintu pasunggatane | ingkang minangka pangarsa | mahyakkên saparlunya | Kyai Juru wus jumurung | sarampunge ing panata ||

36. Pangantèn nulya ngabêkti | mring kang rama sakaliyan | miwah mring para wrêdanewrêdhane. | gya mijil kakanthèn asta | kang rama anèng ngarsa | kang ibu tumutut pungkur | lawan para kadangwarga ||

37. Wahana sampun cumawis | èstri nèng krêmun rinêngga | ginarubyug para wadon | kang jalu anumpak kapal | ingayap pra santana | wus budhal swara gumuruh | dadya tontonan samarga ||

38. Nèng ngênu datan winarni | sapraptanira ing wisma | rinarêngga lir têmune | sigêg kang miwaha putra | mangkya ingkang winarna | kajuron sapungkuripun | atmaja kang pinangantyan ||

39. Ing sarampunge pa-kardi | Mas Cêbolang wus linilan | mantuk maring pondhokane | lawan santrinya sakawan | miwah Amat

--- 2 : 350 ---

Têngara | nèng marga Cêbolang muwus | adhi rèhning taksih enjang ||

40. Suwawi sami ningali | kagungandalêm sri nata | mariyêm ingkang kinaot | punapa inggih kenginga | kakang kenging kewala | dintên punika pinuju | kang caos Ki Narataka ||

41. Punika prênah pakcilik | nak-sanak kalih pun biyang | sartane sagêd cariyos | asale mriyêm sadaya | lah adhi kalêrêsan | wontên kang tinêmbang gambuh | wus prapta ing Brajanala ||

173. Gambuh

1. Ki Narataka tundhuk | lan Ki Amat miwah tamunipun | sasalaman Ki Amat Têngara aris | pakcilik bilih panuju | kakang Cêbolang yun anon ||

2. Kagungan sang aprabu | mriyêm-mriyêm saha asalipun | Narataka angling iya luwih bêcik | ingirid sadayanipun | minggah pagêrbumi kraton ||

3. Nyi Sêtomi jinujug | nulya miyat mriyêm sanèsipun | tan kliwatan cacah kalihdasa iji | rampung dènnira andulu | wangsul ing panggenan caos ||

4. Mas Cêbolang sinuguh | wedang sangu sumangga ki bagus | gantos-gantos rèhning cangkir mung satunggil | sadaya wus samya nginum | Mas Cêbolang tatanya lon ||

5. Bilih kaparêng kalbu | saha èngêt cariyosing dangu | asalipun kagungan-dalêm sang aji | mariyêm sadaya wau | dene gêng-ngagêng kinaot ||

6. Narataka lingnya rum | inggih anak saking criyosipun | tiyang sêpuh tuwin kang kulasêrêpi | rumuhun cacah salikur | mariyêm kagungan katong ||

7. Kyai Sêtama luhung | lawan Nyai Sêtomi puniku | pisungsunge kumpêniKumpêni. bangsa Portugis | dhatêng Pangran Jakartèku | kala jaman Dêmak kraton ||

--- 2 : 351 ---

8. sarêng jumênêngipun | Jêng Sinuhun Kangjêng Sultan Agung | Ki Satama kalawan Nyai SatomiSêtomi (dan di tempat lain). | pinundhut dhatêng Matarum | kalih pinarnahkên manggon ||

9. Anèng ing luhuripun | pagêrbumi karaton puniku | kiwa têngên cêlak Brajanala kori | Ki Satama nèng Mantarum | tan alami karsa katong ||

10. Pinaringakên wangsul | mring Jakarta awit sabên dalu | asring-asring marimpèni ingkang kêmit | saha sabên malêmipun | Jumuwah Anggara Kliwon ||

11. Gêrêng-gêrêng gumrunggung | damêl miris mring kang samya tungguk | kang lêstantun kantun Jêng Nyai SêtoniSêtomi. | tan ana sangsayanipun | dados wasiyat karaton ||

12. Ki Gunturgêni wau | lawan Kyai Swuhbrastha puniku | kalih sami pisungsungipun Walandi | tuwan Jendral Jan Pitêrskun | katur kangjêng sang akatong ||

13. Kiyai Bagus Alun | Kyai Gêlap Ki Balêdhèg anung | lawan Kyai Sagarawana namèki | myang Ki Sagara-palwèku | Ki Sapujagat kinsot ||kinaot.

14. Ki Kumbawikumbèku | Aswanikumba Pancawara nung | mriyêm sanga yasandalêm sri bupati | Jêng Sinuhun Sultan Agung | Anyakrakusuma kaot ||

15. Mênggaha kang tinuduh | damêl mriyêm bangsa kulit pingul | lawan pandhe kumpulan satanah Jawi | dene Kyai Kadhalbuntung | lawan Ki Mangsakêmalo ||

16. Tigane Nyai Dhukun | sakawane Ki Gringsing puniku | pisungsunge tutuwan Jendral Pandêrlis | kunjuk Kangjêng Sultan Agung | Anyakrakusuma katong ||

17. Kyai Kumbarawèku | Kyai Kumbarawi malihipun | Kyai Pintèn Kyai Tangsèn caturnèki | punika pisungsungipun | raja Siyêm kitha bangkok ||

18. Jangkêp dwidasa sampun | namung Kyai PancawaraPôncawura. wau | panggrayange sarjana kang ahli budi | nama makatên puniku | pikajênganing suraos ||

--- 2 : 352 ---

19. Pan Pandhita satuhu | dados wataking sangkala pitu | ca pancarêmpan carêm. watak nênêm kang pinirit | saking ing rasa puniku | wawu. wuruk ingkang kinaot ||

20. Watak gangsal miturut | apan saking wisikan puniku | ra pan ratu puniku watak satunggil | ênggèr saking sagêdipun | ingkang wus widakdèng kawroh ||

21. Ngajêng wau kinumpul | Pandhita carêm wuruking ratu | dadosipun ing taun angkaning warsi | inggih sèwu gangsal atus | sawidak pitu wus cocog ||Taun 1567 Menurut Pustakaraja Purwa: wuruk = wulang = 7, jadi sangkalan di atas Pandhita carêm wuruking ratu = 1767 bukan 1567.

22. Yèn gêrba têgêsipun | PancawaraPôncawura. prahara ngin agung | Mas Cêbolang nuwun atatanya malih | kiyai saèstunipun | cariyos sampeyan maton ||

23. Awit samirêng-ulun | Ki Satama Nyi Satomi wau | kalihipun kadadosan saking jalmi | mêrtapa wontên ing gunung | tan wrin gancaring cariyos ||

24. Inggih wontên nak bagus | sêrat ingkang nyariyoskên iku | Ki Satama sakaliyan Nyi Satomi | kala jaman kraton Galuh | ingkang ajumênêng Katong ||

25. Sang Arya Bangah Prabu | Ki Satama iku patihipun | ingkang èstri anama Nyai Satomi | nuju ri ratri sang prabu | sare supêna kang katon ||

26. Sanghyang Pramèsthi Guru | langkung têtela pangèksinipun | lir wèntèhan katone sri narapati | sawungunya asru ngungun | kagagas sajroning batos ||

27. Dadya lami sang prabu | tan sineba mungging sitiluhur | ribêngingribêting. tyas animbali kyanapatih | lawan nyai garwanipun | praptane byantara katong ||

28. Ngandika sang aprabu | bapa ingsun ing sawiji dalu | asupêna Hyang Jagatnata nêdhaki | angsung kanugrahan mring-sun | arupa mariyêm loro ||

29. Warnane bagus-bagus | saupama ana wujudipun | ing saiki yêkti ingsun nora pangling | bapa ulatana gupuh | lan si bibi sakaloron ||

--- 2 : 353 ---

30. Poma dikongsi pangguh | nadyan kongsi jambul wannên mabluk | lamun durung katêmu ywa mulih-mulih | aja mandhêg nolèh pungkur | bapa poma dènkalakon ||

31. Tarlèn manira amung | anyangoni rahayu lakumu | kyai patih sakaliyan mangênjali | manguswa suku wus mundur | praptèng (n)jawi arawat loh ||

32. (n)Jujug wismaning sunu | Prabu§ Prayoginipun / Radèn Sangkan / [dan di tempat lain]. Sangkan gurawalan mêthuk | kyana patih ngrangkul putra luh drês mijil | kaki kariya rahayu | dènbisa suwitèng katong ||

33. Karsaning jawata gung | manira lan ibunira kulup | wus pinasthi pisah lawan sira kaki | dyan Prabu§. Sangkan tumutur | marawayan matur alon ||

34. (n)Jêng rama nyuwun ulun | ing pawartos darunaning giyuh | kyana patih angling miwiti mêkasi | ing dhawuhnya sang aprabu | Prabu§ [ada tanda bintang asli tanpa keterangan / catatan ]. Sangkan matur alon ||

35. Rama pangraos-ulun | langkung gampil kalêksananipun | mriyêm-mriyêm jarahan dipun pilihi | ingkang kêmbar sae bagus | lajêng ingaturkên gupoh ||

36. Kya Patih mèsêm muwus | luwih gawat tan mangkono kulup | dudu iku kang kinarsakkên narpati | binisikan ingkang sunu | dyan anjrit ngrungkêpi pangkon ||

37. Uwis pupusên kulup | iku apan karsane Dewa Gung | kinèn mungkul kasuciyan mrih kajatin | angêningkên cipta jumbuh | anèng kene aywa seos ||

38. Kaki sapungkuringsun | panggaweyan pangrèhing praja gung | ingsun pasrahakên marang ing sirèki | kang eling sabarang laku | mringmrih. utama karahayon ||

39. Pirabara ing besuk | lamun ingsun lan ibunirèku | bisa olèh kamurahaning Hyang Widdhi | kumambang narimèng kalbu | muhung kang karêp§ Prayoginipun / kêrêp /. titinjo ||

--- 2 : 354 ---

174. Maskumambang

1. Hyang Wasesa wus paring wasitajati | paningal wus suda | tan awas bakuning nagri | untu uwis padha oyag ||

2. Lire uwus tan kekah anggilut nagri | miwah rambutingwang | warna ro irêng lan putih | wus mangro marang kamuksan ||

3. Ing têgêse kulup karsaning narpati | wong olah nagara | iku aja nganti malih | amaro ing idhêpira ||

4. Lamun jalma wus atuwa kaya mami | mangro idhêpira | mulane kawignyan mami | samêngko ngalih mring sira ||

5. Ingsun miwah ibunta madhêp sawiji | tarlèn mring kamuksan | poma dèn-patitis titi | kaki kariya raharja ||

6. Kyana patih tandya umangkat sarimbit | mring asramèng eyang | napaktilasing ngaluwih | sapraptanira pratapan ||

7. Sakaliyan mujung kadi jalma lalis | mangkya kawuwusa | kang kantun anèng nagari | putra Satama Dyan Sangkan ||

8. Sinêngkakkên ngaluhur dumadya patih | ing Galuh nagara | dupi wus antara lami | sakèhing mriyêm jarahan ||

9. Pinilihan kang sae wêtah mantêsi | tan wontên kang dadya | kaparênging narapati | wit dene kang kasupêna ||

10. Patih Sangkan ngantya têlas kang pambudi | satêmah sungkawa | tilar nadhah tilar guling | miminta sihing jawata ||

11. Wanci bangun kyana patih Sangkan ngimpi | katingal kang rama | sakaliyan sarêng prapti | ngandika angsung sasmita ||

12. Lamun saking sih pitulunging dewa-di | samangkya wus angsal | mariyam adi kakalih | ingkang kasupênèng nata ||

13. Prathistha§ Prayoginipun / pratistha ing /, njangkepi guru-wilangan, kirang sawanda. asrama pamujanmami | kulup dèn ainggal | maringa asrama ngambil | kagyat wungu patih Sangkan ||

14. Pungun-pungun ngungun supênanirèki | tandya wus umangkat | mring pratapan tanpa kanthi | sêdya ngaturkên supêna ||

--- 2 : 355 ---

15. Sapraptaning pratapan kapanggih guling | mujung sakaliyan | sisingêp piniyak ririh | dyan Sangkan kagyat sru (n)jola ||

16. Kalih sampun ical sipating kang jalmi | warna mriyêm samya | Radyan Sangkan anungkêmi | karuna amêlasarsa ||

17. Nulya ana swara ingkang kapiyarsi | kulup wis mênênga | aywa adawa prihatin | kamuksanku wus sampurna ||

18. Apatitis marang kailangan jati | mung ngalih panggonan | isih momong sira kaki | yêkti ora paran-paran ||

19. Mungguh iku pratikêlmu dipratitis | ywa kaliru sira | di-bisa misahkên dhiri | pisahe kalawan suksma ||

20. Wruhanira mariyêm iku sajati | wujuding ragèngwang | suksma sampurna maring wit | lêpas kailangan mulya ||

21. Nanging lamun pratitis pratikêlnèki | bisa pangolahnya | sayêktine ponang dhiri | tan pisah lan suksmanira ||

22. Isthane lir layangan lan kênurnèki | tinut saparannya | mangkana upama ragi | lan suksamnesuksmane. tan prabeda ||

23. Yèn pisaha nora kumpul iku sisip | dadya kudhandhangan | pan iku kurang pratitis | sajêge bingung kewala ||

24. Awêkasan tiba sanggon-ênggonnèki | dene ta kang wus man | ngaworkên suksma lan ragi | iku tunggal kamuktènnya ||

25. Lawan ora ana êntèking kang pasthi | tan nganggo wêkasan | yaiku kang wus ngênggonni | ingaran jaya-sampurna ||

26. Wruhanira kulup gustinta sang aji | iku bijaksana | luwih sidik ing pangèksi | uninga ing susurupan ||

27. Iya iki kang dadi supênèng aji | wus pinasthi dadya | kabrêkatan narapati | kang mêngkoni tanah Jawa ||

28. Nganti turun-tumurun ingkang (n)darbèni | mariyêm wasiyat | iku kang dadya ugêring | nagara ing tanah Jawa ||

29. Dupi sampun têlas wangsiting sudarmi | patih Sangkan tandya | mundur ing samargi-margi | kagagas ing yayah rena ||

30. Praptèng praja lajêng sumiwi sang aji | alon angandika | patih dene awigati | sira marang ngarsaningwang ||

--- 2 : 356 ---

31. Patih Sangkan mangênjali matur aris | ing purwa wasana | lalampahaning sudarmi | winantu wijiling waspa ||

32. Sri narendra kumêmbêng waspa drês mijil | wasana ngandika | ywa dinawa tanpa kardi | papasthèn pasthi tan owah ||

33. Ingsun dhewe lan pramèswari kang ngambil | marang ing ngasrama | nging patih dhawuhna aglis | marang wadyabalaningwang ||

34. Nêmbah mundur kyana patih wus ngundhangi | sawusing samakta | sang prabu myang pramèswari | budhal marang ing ngasrama ||

35. Tan winuwus ing ngênu raroncenèki | prapta ing ngasrama | sang nata dupi udani | mriyêm kalih nèng pamujan ||

36. Datan siwah lawan kasupênanèki | mriyêm kalih pisan | rinangkul waspa gung mijil | kathah-kathah andikanya ||

37. Wus binuntêl kalihe ing wastra adi | ingurapan sêkar | dinupanan wangi-wangi | pra wadya ngujung sadaya ||

38. Cêkakipun wus binêkta marang nagri | lawan kahurmatan | sapraptanira ing puri | pinarnah ing sitibêntar ||

39. Lah punika cariyosira ing nguni | (ng)gèr kula sumangga | botên sagêd amastani | ingkang lêrês ingkang lêpat ||

40. Mas Cêbolang (n)dhêku manthuk lingira ris | sampurna wus siyang | miwah mripat kraos arip | nyuwun lajênge carita ||

41. Wawi adhi paliman dhatêng kiyai | Narataka lingnya | inggih (ng)gèr andum basuki | sadaya wus lumaksana ||

42. Anèng marga nyarêngi antukirèki | Ki Cêndhaniraras | mêtênganira narpati | juru-kandha ura-ura ||

43. Ki Têngara tanya bapak saking pundi | ilah dhèk ki Amat | gumrubyuk lantik tyasnèki | wawi mocung sasarêngan ||

TAMAT JILID II

NYANDHAK JILID III.

--- 2 : [0] ---

INGKANG NGGARAP LAN NGÊDALAKÊN SÊRAT CÊNTHINI LATIN

[Grafik]

KAMAJAYA, punika nama sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, pemimpin Umum Usaha Penerbitan Indonesia sarta pangarsaning Yayasan Cênthini ing Yogyakarta. Pambudidayanipun ngêdalakên Sêrat Cênthini Latin wiwit taun 1974 (UP Indonesia) engga sapriki (Yayasan Cênthini). Pangangkahipun Sêrat Cênthini ingkang isi bab sadaya Pangawikan/Kabudayan Jawi lan wênang sinêbut Ensiklopedi Kabudayan Jawi, sagêda kawaos dening ngakathah, langkung-langkung para mudha ingkang sampun botên paham aksara Jawi, jêr sêrat wau aslinipun aksara Jawi têmbang.

Kamajaya sêsinglon ingkang sampun nyawiji kalihan nama aslinipun (H. Karkono Kamajaya Partokusumo), lair ing Surakarta, sêkolah ing MULO sarta Taman Guru Taman Siswa. Wiwit taksih sêkolah sampun rêmên ngarang lan ambiyantu sêrat-sêrat kabar lan majalah nasional (dumugi th.1939), redaktur majalah Pustaka Timur lan Mustika ing Yogyakarta, lajêng mandhegani majalah 'Percaturan Dunia dan Film' ing Jakarta, ngrangkêp redaktur Berita Umum, sêrat kabaripun Parindra (1939-1942).

Ing jaman Jepang dados redaktur harian 'Asia Raya', lajêng pindhah bagian penerbitanipun lan ngêdalakên Almanak Asia Raya 2603/1943. Mêdal saking Asia Raya, ngêdêgakên Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara lan Ratna Asmara. Sandiwara karanganipun 'Solo di waktu Malam' kadadosakên buku (1950) wêkasan film (1954). Buku karangan sanèsipun 'Sum Kuning' (1971) kaolah dados film tuwin buku 'Perawan Desa (1981).

Ing jaman revolusi phisik wontên ing Sala, sêsarêngan Pak Diro (pensiunan Walikota Jakarta Raya) ngêdêgakên partai politik Serindo ingkang dados PNI (1946). Ing barisan bersenjata anggota Divisi barisan Banteng, lajêng kalêbêt staf TNI Brigade XXIV.

Tahun 1948 nindakakên ayahaning Pemerintah RI 'nylundupakên candu dhatêng Singapore kalihan Tonny Wen lan Subeno. Asilipun kangge wragadipun perwakilan RI ing Mancanagari, tumbas sênjata lan percetakan. Sasampunipun uwal saking pambujungipun Walandi lan Inggris ing Singapore tuwin Bangkok, wangsul dhatêng Yogyakarta akhir 1949, katungka Yogya dipun jègi Walandi. Sasampunipun 'Yogya Kembali' lajêng aktip ing politik (PNI. Akting ketua DPRD-DIY. anggota Konstituante), ekonomi (ketua KENSI. Konggres Ekonomi Nasional Seluruh Indonesia), sastra budaya (ngarang, cêramah, sarasehan ngantos tumut ngêdêgakên) lan dados wakil kêtua Lembaga Javanologi/Yayasan Panunggalan).

Buku karanganipun basa Indonesia lan Jawi watawis 30 judul. Kêkesahan dhatêng luar nêgêri: Mesir (1958 Delegasi Ekonomi RI). Amerika Serikat (Grant pemerintah AS) lan keliling Eropa (1959-1960), dhatêng Kuala Lumpur, Malaysia (1963). Ibadah dhatêng Mêkah 1958 (Umroh) tuwin Haji (1974).