Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

--- [1397] ---

Ôngka 88, 3 Rêjêp2 Rejeb. Dal 1863, 2 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1381] ---

Ôngka 88, 2 Rêjêb Dal 1863, 3 Nopèmbêr 1932,2 Nopèmbêr 1932. Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pagêralam - Sampun Tilar Kaprayitnan - Kawontênan ing Bopên Dhigul - Parêpatan ing Jêpan - Uluk-uluk - Pajêg Sata - Turunan Sêrat - Tiyang Jawi ingkang Sugih Anggitan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pagêralam

[Grafik]

Grojogan toya ing rêdi Agung, sacêlaking Pagêralam, Palembang.

--- 1382 ---

Pawartos Wigatos

Sampun Tilar Kaprayitnan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 87.

Sagêd ugi sadèrènging bidhal saking griya sampun winantos-wantos dening sanak kadang utawi pitêpanganipun, bilih ing ngrika badhenipun kêdah anindakakên sadaya-sadaya wau, jalaran ingkang suka pitêdah piyambak rumiyin ugi anglampahi.

Ing môngka tukipun sadaya wau kadugi botên liya mijil saking wilêding pangikalipun wêwarah, ingkang wosipun adamêl untunging ingkang suka pirêmbag.

Pramila kasêbutakên makatên, nadyana kapêksa kapurih ambayar utawi kapêksa kêdah anyukani wakaph, ing môngka lajêng ambaguguk nguthawaton, têgêsipun ambangkang, lajêng punapa badhe kalapurakên. Têgêsipun anyukani wakaph punika nama bilih kuwagang tur kanthi eklas saha lêga ing manah, ananging yèn anggènipun sagêd kesah sajarah dhatêng tanah suci wau, sawênèh sarana anggantosakên utawi anyade bale pemahan... Ananging bab punika ugi namung kasumanggakakên dhatêng ingkang purun anglampahi kemawon.

Samantên ugi ingkang suka rêmbag ugi nêningali dhatêng sadhengaha ingkang badhe kêtaman, têgêsipun maspadakakên rumiyin sintên ingkang badhe kapurih ambayar wakaph lan sadaya-sadaya wau, bilih sinawang kadugi kathah sêsêrêpanipun utawi katingalipun tiyang mangrêtos, têmtu kasandèkakên.

Punapa jêmaah punika wontênipun ing ngrika botên nate rêrêmbagan kalihan jêmaah saking sanès nagari, upaminipun kalihan bôngsa Indhi, Mahgrabi lan saking sanès-sanèsipun panggenan, kados-kados botên nate, jalaran saking sami botên mangrêtosipun bab têtêmbungan, punapa malih bilih nêmbe dhatêng sapisan punika.

Punapa botên nate candhuk lawung utawi nênêrang dhatêng bôngsa piyambak ingkang sami mukim ing ngrika.

Kados upaminipun pêksi alap-alap utawi bidho tansah anjangkung saha anênilingi dhatêng mêmangsanipun sarta sampun samêkta saha prayitna dhatêng wêkdaling paniyupipun, kados makatên tumanduking sawênèhing para mukim ing Ejas wau dhatêng bangsanipun piyambak ingkang nêmbe dhatêng wau. Botên karêmbag bilih pamukimipun wau amargi gêgayutan kalihan anggènipun angaos utawi ngupados tambahing sêsêrêpan, dados bab waragad lan pasangon tamtunipun sampun rumantos.

Sumôngga kagaliha: punapa sawênèhing mukim-mukim ingkang sumêbar ing Mêkah, Jedah lan sapiturutipun anggènipun kapêksa kantun ing Ejas punika, ing suwaunipun botên jalaran saking ngêbrèh, kirang pangatos-atos angintên yèn sangunipun mêsthi anyêkapi kangge salêbêting lêrêb ing ngrika, utawi malih kenging ugi jalaran kataman ing apus-apus.

Sami-sami bôngsa, sami mangrêtos padatan, wêwatêkan [wêwa...]

--- 1383 ---

[...têkan] lan têtêmbunganipun, pêpêthanipun sawênèhing jêmaah ingkang nêmbe dhatêng kalihan pun mukim wau, samudayanipun kadosdene: guru lan murid, têgêsipun, ngrika kathah sêsêrêpanipun, kathah kapintêran tuwin paham dhatêng sadaya kabêtahaning para jêmaah, ing ngriki rèhning nêmbe dhatêng, dados dèrèng sumêrêp pojoking Mêkah. Ngrika kenging katêmbungakên, wasis ing samudayanipun, ngriki taksih sinêbut: taksih bêtah dhatêng samudayanipun... punapa malih ingkang kaupadosan.

Sawênèhing sèh ugi botên lena dhatêng para mukim ingkang sami pating kalèlèr, ingkang botên sagêd wangsul dhatêng tanah wutah rahipun wau, amargi arta sangu sampun têlas tuwin tikêt kapal sampun kasade. Wontên ingkang kasukanan griya pamondhokan, trêkadhang ugi dalah panganggenipun, cêkakipun kapupu tuwin karapèk-rapèk. Punapa wigatosipun punika sadaya.

[Grafik]

Pasareanipun Siti Hawa.

Botên liya namung sagêda adamêl wêtahing panguwaosipun, sagêda amêwahi rêklamênipun, wosipun sagêda angrencangi angupados jêmaah langkung kathah. Pun mukim lajêng kapurih supados anyukanana sêrat dhatêng nagarinipun, asuraos yèn wontên sanak kadang utawi salah satunggiling pitêpangan nêdya sajarah dhatêng Mêkah, supados kalêbêtna ing sèh wau. Utawi malih anêdha pitulung dhatêng sanak kadang wau, amadosna jêmaah kangge piyambakipun ingkang badhe kalêbêtakên ing sèh punika.

Pramila makatên jalaran sampun kaprahipun, yèn tindak sae punika ugi winalês kasaenan. Pun mukim rèhning rumaos kapotangan inggih punika amargi rinêngkuh sae wau, ing ngriku nama botên lêpat upami lajêng atêtulung, angupadosakên wêwahing jêmaah kaji punika.

Kajawi tindak makatên wau, rumaos yèn sampun mêsthinipun, wêwah-wêwahing têmbe badhe kasukanan pituwas ing dalêm tiyang satunggal anggènipun anglêbêtakên, sajêne dahab utawi langkung. Badhe kasambêtan.

Nik.

--- 1384 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 87.

Amila parentah anggalih ngawontênakên priyantun B.B., inggih punika ingkang ngasta paprentahan ing Bopên Dhigul, sasampunipun panjênênganipun Tuwan Kapitan Bèking pindhah, panjênênganipun Tuwan Monso, apangkat gêsah hèbêr (kontrolir). Panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso sarêng priksa kawontênan ing Bopên Dhigul, lajêng amanggalih prêlu anyingkirakên salah satunggilipun golongan ingkang sêdya damêl rêrêsah. Ingkang kapindhah saking Tanah Merah golongan ingkang dipun kumudhèni sadhèrèk Ali Arkam ingkang sami anggadhahi pêngaruh. Sampun tamtu sadhèrèk Sarjana katut kapindhah kabêkta dayanipun têtiyang ingkang ambaguguk dhatêng parentah.

[Grafik]

Têtiyang Papuah nuju sami nênumpak baita wontên ing lèpèn.

Sarêng pangajênging têtiyang bucalan ingkang ambaguguk dhatêng parentah sampun sawatawis kapindhahakên saking Tanah Merah dhatêng gudhang arêng, kawontênan ing Tanah Merah ragi têntrêm. Sasampuning têntrêm panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso dhawuh dhatêng para bêstiring rad kampung, supados suka sumêrêp dhatêng para [pa...]

--- 1385 ---

[...ra] têtiyang bucalan ingkang supados ngawontênakên sawung kangge pangarsaning rad kampung ingkang dipun akên dening panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso. Upami ing tanah Jawi winastan lurah.

Sasampuning para bêstiring rad kampung tampi dhawuh ingkang kados makatên lajêng andamêl sêrat undhang-undhang ingkang kasêbarakên dhatêng para têtiyang bucalan sadaya. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

Parêpatan ing Jêpan

Muyêging rêmbag babagan Jêpan ing bab Mansuriah sapriki taksih rame kemawon, dèrèng wontên karampungan ingkang gumathok. Makatên ugi ing bab rêmbag gêgayutanipun kalihan Polkênbon, Jêpan botên pisan-pisan purun ngênut rêmbag, malah nêdya ngêncêngi tekad kados ingkang sampun. Malah aluwung mêdal saking Polkênbon, tinimbang nurut.

Jêpan tansah angombèrakên rêmbag, prêlu badhe kangge nyatakakên dhatêng kawontênan-kawontênan ingkang sakintên mikantuki. Nanging sêdya kados makatên wau tamtu kemawon botên dipun condhongi Tiongkok.

Mênggah wosipun namung sarwa makèwêd. Mila tansah dados rêmbag kemawon.

Gambar ing ngandhap punika gambar parêpatan ing gêdhong parlêmèn ing Tokio, ngrêmbag ing bab pasulayaning rêmbag Jêpan kalinkalihan. Tiongkok. Jalaran saking sumubing rêmbag bêntèr tuwin jalaran saking hawanipun pancèn bêntèr sayêktos, ing papan parêpatan ngriku dipun dèkèki ès balokan. Mriksanana gambar ingkang mawi ciri jêmparing.

[Grafik]

--- 1386 ---

Kawruh Sawatawis

Turunan Sêrat Anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 87.

Katuranggan prêkutut.

[Mijil]

wontên malih wangsiting Hyang Widhi / kang luhur myang asor / pêksi prêkutut jinarwakake / rupa swara solah sisik-sisik / kang dèn titi-titi / têtulaning laku //

lamun sira arsa ngingu pêksi / prêkutut wong anom / aja ngingu kang abang sêmune / brama susur iku dèn arani / dahat nora bêcik / gêringên kang ngingu //

angingua pêksi kuku putih / darijine karo / lan kukuning jêmpol karo putèh / dèn arani sri makêpêl bêcik / ingoning wong tani / sri sadana tutut //

aja ngingu pêksi napas kaki / ngalamate awon / brama malêbu gêni arane / panasbaran kang angingu yêkti / tur tungtung nyênyêngit / lawan dhêmên padu //

Sira iku angingua pêksi / sêmu irêng tinon / ingkang têrus sisik myang sukune / wisnu wicitra bêcik sakwèhning / rêncana abali / lêksana kang ngingu //

agingua pêksi sêmu putih / cucuk sisik tinon / pan abêcik iku ngalamate / aran kusumawicitra lêwih / kèh panggawe dadi / rijêkinira gung //

lamun sira arsa ngingu pêksi / buntute kang tinon / dèn wilanga yèn limalas kèhe / dèn arani sang pandhita mijil / ngalamate sêkti / keringan kang ngingu //

angingua pêksi netra kuning / kang jait sumorot / amarcus jiwa aywa arane / ngalamate puniku prayogi / nêkakkên rijêki / janma akèh lulut //

sarayating kayu anamani / netra kang sumorot / anglir mirah selan kok netrane / anglir wulan kang purnamasidhi / janma kathah asih / keringan kang ngingu //

angingua pêksi nucuk siti / bêcike rêraton / tinjanipun dèn obonga sae / awunira kinarya jêjampi / barang sakit bêcik / lôndha kinarya dus //

angingua pêksi ingkang putih / awake yèn tinon / sêsrandune akathah warnane / iya iku musthikaning pêksi / tan wênang wong cilik / ngon-ingoning ratu //

aja sira ngingu pêksi putih / rêraine tinon / têrus marang ing cangkêm putihe / brama ngokop arane kang pêksi / arsa wruh ing gêtih / gêtihe kang ngingu //

ana pêksi sore-sore muni / ingaranan gêdhong / minêb lamat ngulihkên donyane / lan ngulihkên pangan ingkang suci / sugih bêras pari / basuki kang ngingu //

lamun pêksi esuk-esuk muni / lamatipun awon / durga ngêrik puniku arane / manggung tukaran lan anak rabi / adoh kang rijêki / luhnya kêrêp runtuh //

lamun pêksi sabên esuk muni / sarêng surya katon / pan abêcik puniku lamate / gêdhong mênga kêdah dèn isèni / mas kalawan picis / kang ngingu rahayu //

lamun pêksi têngah wêngi muni / ngalamate awon / durga nguwuh punika arane / jalu èstri pinarag ing gêring / suda kang rijêki / tansah wayang-wuyung //

lamun sira arsa [ar...]

--- 1387 ---

[...sa] ngingu pêksi / irêng lamun tinon / cucuk netra kalawan sikile / yèku aran Sang Hyang Wisnumurti / dadya tumbal bêcik / ngon-ingoning ratu //

aja sira ngingu ingkang pêksi / kang ngalamat awon / yèn pêksi cangklakane aputèh / ingkang aran sakakala pipit / tansah bèncèng pikir / kang ngingu krêp padu //

lamun barumbun wuluning pêksi / lamatipun awon / candhala sabda iku arane / ingkang ngingu tansah arêririh / akèh kang rijêki / gêringan mèh lampus //

lamun êlar salêmbar kang putih / anèng gigir awon / sônggabuwana iku arane / anggung susah akèh kang rijêki / manahnya barikil / wonge ingkang ngingu //

lamun pêksi pundhakipun putih / lamatipun awon / candhala ayya sabda arane / mung kinarya pikat iku bêcik / srêp pan kêrêp olih / suka ingkang ngingu //

lamun ana pêksi sêmu kuning / trus kalunge tinon / pan abêcik puniku lamate / pan ingaran udan êmas adi / krêp antuk rijêki / bêgjane anutug //

lamun sêmu irêng ingkang pêksi / lamatipun awon / wisnu kucêm puniku arane / barang sakarsane nora dadi / kinasihan janmi / bisa karya sanggup //

lamun ana pêksi iku muni / swarane lom-alom / pan abêcik puniku lamate / iku pantês ingoning narpati / kinajrihan janmi / purbane linuhung //

lamun pêksi munya ngêlak-ngilik / abêcik kang manon / daulate iku gawa dhewe / ing sabarang ciptanira dadi / donyane kèh prapti / raharja kang ngingu //

sampun titi sasmitaning pêksi / kang sae myang awon / ing wangsite Hyang Suksma yêktine / ala bêcik wus kalêbèng tulis / ywa maido wangsit / tinon nolih tangguh //

[Grafik]

Kêbon sayuran ing parêdèn Tosari, Pasuruan.

--- 1388 ---

Pajêg Sata

Wiwit benjing tanggal 16 Dhesèmbêr ngajêng punika, pajêg sata badhe tumindak. Sawarnining srutu, sigarèt, sês tuwin sawarnining sata irisan lan sata ingkang dipun buntêli kados ingkang sampun kêlimrah, wiwit dintên wau botên kenging kalêbêtakên ing nagari malih utawi kawêdalakên saking pabrik, ing sadèrèngipun ambayar pajêg. Pajêg ingkang sampun dipun bayar, badhe kacêtha wontên banderolle ingkang katèmplèkakên wontên ing buntêl, kothak utawi wadhah sês wau. Tumrap srutu ingkang dipun ècèrakên, utawi ingkang botên kabungkus, tôndha wau badhe katèmplèkakên wontên ing srutu.

Ing banderolle punika badhe ngêwrat rêgi, têtiyang ingkang sade botên kenging ngindhakakên langkung saking ingkang sampun dipun tamtokakên, panyadenipun kêdah namung bungkusan, kajêngipun botên kenging ngrisak banderolle.

Sata irisan, pambayaring pajêg manawi panyadenipun dipun buntêli, mawi kadekekan banderolle, panyadenipun botên kenging kabikak. Sata ingkang botên kabuntêl, ingkang panyadenipun saking kranjang, utawi namung kabuntêl ing godhong botên ambayar pajêg tuwin kenging kasade kados adat.

Tamtunipun dumugining tanggal 16 Dhesèmbêr, taksih kathah srutu, sigarèt tuwin sês sanès-sanèsipun, ingkang dèrèng mawi banderolle. Sadaya wau taksih kenging kasade botên kanthi ambayar pajêg, dumugi ing watês ingkang katamtokakên. Tumrap tanah Jawi tuwin Madura, panyadenipun kenging dumugi tanggal 26 Januari 1933, tumrap tanah sabrang dumugi tanggal 15 Pèbruari 1933. Sasampunipun punika, sês ingkang tampatanpa. banderolle utawi botên kabungkus, botên kenging kasade malih.

Namung tumrap srutu thok ingkang dipun bedakakên, dumugining tanggal 26 Pèbruari 1933 tumrap tanah Jawi tuwin Madura taksih kenging nyade eceran tanpa banderolle, janji kothak wadhahipun sampun mawi banderolle. Tumrap tanah sabrang kenging ngantos dumugi tanggal 15 Marêt 1933. Salajêngipun botên kenging. Bab punika kêdah sami dipun èngêti.

Tumrap toko-toko ingkang andhatêngakên sês saking ngamônca, utawi pancèn sudagar agêng, supados pratela dhatêng kantor pabeyan, kasèp-kasèpipun dumugi tanggal 23 Dhesèmbêr ngajêng. Dene sês ingkang sampun wontên ing parimatan, botên prêlu kapratelakakên.

Tumrap toko ingkang dumugining tanggal 16 Dhesèmbêr ingkang padaganganipun saking ngamônca dèrèng mawi banderolle, taksih kenging mêndhêt dumugi tanggal 15 Januari 1933, nanging ingkang andhatêngakên kêdah ingkang nyukani banderolle.

Wara-wara

Wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, Petruk botên angêdali, amargi kapambêng alih-alihan malih, dados sawulan pindhah griya kaping kalih. Mugi botên andadosakên cuwanipun para maos.

--- 1389 ---

Jagading Wanita

Uluk-uluk

Sayêktosipun kula ngrumaosi awrat sangêt dipun pundhuti dening redhaksi supados ngisi rubrik wanita punika, jalaran kula dede tiyang pangajaran, dede tiyang sêkolahan, ewasamantên saking kumêdah-kêdahipun kêpengin angrencangi, sanadyana paribasanipun amung: salugut pinara pitu, kamajênganing bôngsa kula para wanita, amila sasagêd-sagêd pamundhutipun redhaksi ing nginggil, inggih badhe kula lêksanani. Ing sarèhning kula punika bangsanipun èstri kolot, amila manawi wontên pamanggih kula ingkang botên anocogi kalihan jamanipun, mugi-mugi para maos, langkung-langkung para putri, krêsaa paring samudra gung pangaksama.

Tumrapipun jaman samangke, punika sampun kathah para wanita ingkang sami anggêbyur wontên ing pagêrakan, prêlu angudi dhatêng kaluhuraning jrajadipun,drajadipun. malah botên kirang kemawon para wanita ingkang tansah ambudidaya murih drajadipun wau sagêda kasamèkakên kalihan drajading para priya. Awit pamanggihipun, bôngsa kita punika botên badhe sagêd sajajar kalihan bôngsa-bôngsa ingkang samangke sampun kaanggêp luhur, manawi para wanitanipun taksih dipun anggêp kadosdene bonekah utawi bêkakas dening tiyang jalêr, ngantos tiyang èstri wontên ing griya botên anggadhahi uni babarpisan.

Pangudi kados kasêbut ing nginggil, mênggahing kula mila inggih sarujuk sangêt, têgêsipun: sadaya tiyang èstri sasagêd-sagêd kêdah sami ambudidaya, supados tiyang jalêr sampun ngantos anganggêp dhatêng tiyang èstri kadosdene bonekah utawi kadosdene bêkakas, nanging kosokwangsulipun, tiyang jalêr dhatêng tiyang èstri supados puruna angaosi, sukur bagi angajèni. Makatên ugi kula piyambak, sanadyan namung nama èstri kolot, mêksa kula angudi sangêt supadosa tiyang jalêr angaosi dhatêng tiyang èstri. Dene ingkang kula prêdi rumiyin murih tiyang jalêr anggadhahana adat makatên, inggih punika semah kula piyambak, pikajêng kula supados semah kula wau angrêgènana, angaosi dhatêng kula. Manawi tiyang èstri pangudinipun ingkang makatên wau kanthi têmên-têmên, kula wani nêmtokakên, bilih tiyang jalêr botên badhe nganggêp dhatêng tiyang èstri kadosdene bonekah utawi bêkakas, nanging kadosdene sasaminipun.

Sadèrèngipun kula ngaturakên kadospundi pambudidayanipun tiyang èstri murih dipun aosi dening tiyang jalêr, langkung rumiyin kula matur, bilih punika pambudinipun kula piyambak, dados pambudinipun tiyang èstri ingkang tanpa pangajaran, thik tiyang èstri ingkang sampun semah, amila têmtunipun inggih kathah ingkang botên cocog kalihan jaman samangke punika.

Kula angakêni bilih pambudidaya kadosdene ingkang badhe kula aturakên punika awrat lan rêkaos, nanging tumrap tiyang èstri ingkang pancèn [pa...]

--- 1390 ---

[...ncèn] trêsna dhatêng semahipun, sarta ngèngêti dhatêng kawilujênganing jêjodhoanipun, têmtu badhe sagêd anglampahi. Môngga, samangke kula wiwitanipun pambudidaya kula ingkang dumuginipun samangke tansah kula êcakakên dhatêng semah kula.

Ingkang kapisan ingkang kula budidaya, supados semah kula sagêda kraos wontên ing griya.

O, punika pancèn inggih rêkaos sayêktos, kadar tiyang jalêr punika limrahipun rêmên plêsir, karêm sênêng-sênêng, doyan kaloyongan. Ingkang suwau kula inggih rumaos judhêg saèstu, saupamia kula elikakên, tamtunipun botên badhe amrêduli, bokmanawi malah saya ambêdhal, awit tiyang jalêr ingkang makatên punika sok lajêng ngrumaosi: aku wong lanang, kuwasa. Amlia pangudi kula lajêng sanès, inggih punika: ing salêbêtipun griya kula tansah rêrêsik, sampun ngantos tiyang jalêr gadhah ungêlan: yak, omah têlèke kok pating tlècèk. Utawi: iya ngrisèni, ana popok têka pating slampir mêngkono, makatên sapiturutipun. Manawi tiyang jalêr kalêrês wontên ing griya, sanadyan paribasanipun kula sawêg mlilit padharan kula inggih kula sumèh-sumèhakên, kula rênak-rênakakên, supados sampun ngantos tiyang jalêr anggadhahi manah: wis rupamu ala, ulate kaya wong kêbêbêlên. Wusananipun lajêng botên bêtah wontên ing griya. Langkung malih bab têdhanipun, kajagia ingkang saèstu, ngèngêtana punapa ingkang dipun karêmi, sampun ngantos tiyang jalêr lajêng botên sudi nêdha wontên ing griya, ingkang wusananipun lajêng rêmên kesah, jalaran namung badhe jajan wontên ing resturan utawi wontên ing lusmèn. Badhe kasambêtan.

Wara Suwarsi.

[Grafik]

Sêsawangan ing salah satunggiling kampung Arab, ing Surabaya.

--- 1391 ---

Kamajêngan

Tiyang Jawi ingkang Sugih Anggitan

Manawi kula ngèngêti kawontênanipun bôngsa kilenan, katawis sangêt anggènipun ngaosi sarta ngluhurakên bangsanipun ingkang sami gadhah pamanggih ing satunggiling bab (ondekkingen en uitvindingen), saking anggènipun sami ngluhurakên, ngantos pinèngêtan wontên ing babadipun, malah botên namung samantên, ugi sagêd malêbêt wontên ing babad donya. Makatên punika, mênggah prêlunipun sampun ngantos turun-turunipun utawi têtiyang ingkang gêsang ing wingkingipun ngantos botên mangrêtos sintên ingkang gadhah pamanggih wau. Sampun pintên èwu taun, raos angluhurakên wau tansah pinèngêtan, ngantos kita sadaya ingkang gêsang ing jaman sapunika, taksih sagêd nyumêrêpi têrang dhatêng satunggil-tunggiling sarjana sujana ingkang sami amanggih akal sarta gadhah pamanggih wau. Upaminipun tiyang Assijriers utawi bôngsa Assijrie anggènipun gadhah pamanggih bab jam toya (wateruurwerk) kala taun 600 sadèrèngipun Kangjêng Nabi Isa miyos.

Ing dhusun Sarawadèn bawah kaondêran Totogan Kabupatèn Kalathèn, wontên satunggiling tiyang sêpuh awasta Khaji Adam.

Ing sakawit kula dipun omongi mitra darma kula, ingkang ngandharakên warwarnininingsawarnining. kapintêranipun Pak Khaji Adam wau. Wiwit punika manah kula kumacèlu badhe nyatakakên, punapa têmên manawi sugih kawruh, sarta kadospundi kawontênanipun.

Anuju satunggiltingsatunggiling. dintên, kanthi kônca tiga, sanajan têbih panggenanipun kula prêlokakên. Kalêrêsan dhatêng kula sagêd pinanggih piyambak, dipun panggihi kanthi grapyak, sarta ing salajêngipun kula sagêd nyatakakên sarta nyathêti sadaya pamanggihipun.

[Grafik]

Haji Adam jalêr èstri saanakipun.

Pak Khaji Adam punika sampun sêpuh, umur-umuranipun sapunika 67 taunan. Nalika umur 18 taun sampun kesah minggah khaji, sasampunipun wangsul saking tanah Arab, ngancik umur 20 taun wiwit nindakakên padamêlan ingkang nocogi lan dhêdhasaripun, inggih punika padamêlan kriya. Anggènipun rêmên dhatêng padamêlan punika sampun wiwit alit, mila sarêng sampun diwasa dipun tindakakên.

Tumrap padamêlan kriya, ingkang limrahipun sami katindakakên dening sadaya tukang-tukang sagêd sadaya, makatên ugi andandosi (repareeren) punapa kemawon sagêd, kados ta andandosi :

--- 1392 ---

jam sawarnining modhèl motor, sanjata utawi pistul lan sanès-sanèsipun. Ingkang garapan limrah, têgêsipun ingkang sampun dados garapanipun tukang kajêng, tukang batu lan tukang bêsi, botên badhe kula andharakên wontên ing ngriki, amargi sampun kathah ingkang sagêd, kula manah botên prêlu kagêlarakên. Dene ingkang badhe kula andharakên, namung sadaya garapan lan pamanggihipun ingkang prêlu-prêlu, sarta ingkang sakintênipun pantês kaudanèn para nupiksa.

Anggènipun sagêd anggarap sadaya padamêlan kriya, babarpisan botên sinau, sarta malih botên nate angsal tunantuntunan. saking tiyang sanès, sadaya kasagêdanipun maligi mêdal saking tusing pamanggih lan pangothak-athikipun piyambak. Sagêdipun lajêng anggadhahi pamanggih-pamanggih warni-warni punika saking talatos lan kêncêng tekadipun. Pak Khaji gadhah kayakinan ingkang pantês dados bêbundhêlanipun sadaya tiyang ingkang badhe majêng, utawi murih kadumugèn gêgayuhanipun, dening gadhah tekad makatên: manawi gadhah gêgayuhan sarta panjôngka, botên ngetang sayah lan kangelan, bôndha lan pikiran. Manawi dèrèng kadumugèn sêdyanipun, dèrèng sampun-sampun pambudinipun.

Anèhipun malih, dene sadaya garapanipun botên dipun budi namung sarana katindakakên mawi tangan kemawon, malah ingkang kathah kaudi sagêdipun katindakakên mawi pirantos utawi gilingan. Anggènipun makatên, supados angsal-angsalanipun sagêd langkung kathah.

Supados para nupiksa sagêd anggôntha sapintên kapintêranipun, uwohing pangudi wau badhe kula pratelakakên kados ing ngandhap punika.

Damêl gêndhèng, gêndhèng damêlanipun punika wujudipun pasagi, kados gêndhèng wêdalan saking Sukabumi, ananging langkung sae malih. Manawi sampun dipun êtrapakên kangge payon, katingalipun plêk kados sirap. Saya manawi sampun lumutên, botên wontên ingkang ngintên manawi gêndhèng. Gêndhèng Sukabumi punika manawi dipun pasang taksih mringis sambêtanipun, mila manawi wontên jawah taksih sagêd kêpyur. Beda lan damêlanipun miturut pamanggihipun Pak Khaji Adam, abên-abênanipun sagêd rapêt, manawi jawah botên sagêd kêpyur. Pandamêlipun luluhan punika sarana gilingan, dene panyithakipun sarana dipun près mawi pirantos.

Gilingan pantun. Gilingan punika warni kalih, ingkang kangge damêl gabah lan ingkang kangge mlècèt, dados kangge ngicali kuliting pantun. Gilingan ingkang kangge mlècèt punika, ugi sagêd dipun angge angglêpung uwos, angglêpung gaplèk, ambubuk kopi, kangge gilingan tahu lan kenging kangge nosoh jagung.

Tamparan. Garapan tamparan punika ugi katindakakên sarana pirantos, kenging kangge nampar dhadhung saking badhe warni-warni, kados ta: sêpêt, kawat, duk lan sêrat nanas. Wiwit tampar ingkang alit-alit, upami: kerekan pêksi lan sampiran, ngantos dhadhung ingkang agêng-agêng, kangge dhadhung timba, katrol sarta dhadhung kangge ing baita. Manawi damêl dhadhung sagêd ingkang garisipun têngah (middellijn) wiwit 25 m.m. dumugi 75 m.m.

Badhe kasambêtan, Sa-Ta.

--- [1393] ---

[Iklan]

--- 1394 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Tuwan Mr. H. s'Jacob seda. Kala dintên Ngahat tanggal 30 October 1932, Tuwan Mr. H. s'Jacob, warga Rad kawula tuwin College van Gedelegeerde ing Bêtawi seda, yuswa 77 taun.

Panjênênganipun suwargi Tuwan Mr. H. s'Jacob punika anggèning jumêngjumênêng. warga Raad kawula wiwit bikak ngantos Juni 1931.

Ama ulêr. Ing bawah dhistrik Tanjung, Brêbês, tuwuh ama ulêr ing tanêman brambang, mèh sabên tanêman brambang sami katrajang. Dhatênging ama wau ngêgèt, nêdha oyod. Sakêdhap kemawon tanêman wau lajêng alum. Ingkang wajib sampun nindakakên papriksan.

Ing Tanjung punika misuwur kathahing pamêdal brambang. Mila saupami kêlampahan sami botên kêmêdalan, têmtu nuwuhakên kasusahanipun tiyang tani ingriku.

Pangiridan S.S. Jawi Wetan. Angsal-angsalanipun sêpur ing Bondowoso mundur sangêt. Benjing pungkasaning taun punika para punggawa Walandi badhe dipun santuni punggawa ingsêran saking trèm, ingkang pikantukipun badhe nyuda waragad sapratigan. Gêrbong-gêrbong momotan botên pajêng babar pisan, kawon kalihan vrachtauto. Sapunika wragadipun momotan badhe kasuda sapalih. Kontrak kalihan pabrik gêndhis botên wontên wohipun. Tumrap Bondowoso kala rumiyin sabên dintên sagêd angsal f 3000.- sapunika namung f 200.

Samantên mloroting pamêdal S.S. Jawi Wetan. Nanging inggih botên miyambaki.

Kenging racun. Ing kawêdanan Cikarang, Krawang, mêntas wontên paargyan, ingkang dhatêng kirang langkung wontên tiyang 60. Sarêng dalu têtiyang sadaya wau dalah ingkang kagungan dalêm sakit wêtêng, muntah wawratan. Enjingipun ing kantor-kantor sami suwung, pamulangan angka 2 bibar jam 11. Dene sababipun kintên-kintên saking toya ombèn, amargi sumur ingkang dipun angsu, sumur lami ingkang botên dipun upakara.

Bab toya ombèn punika pancèn kêdah ngatos-atos.

Botên narimah ing pandum. Pangadilan landraad ing Bogor mêntas ngrampungi prakawisipun tiyang dhusun 315 kadakwa ambubak pasitèn tanpa palilah, sadaya sami kadhêndha nyaringgit, utawi kakunjara 8 dintên. Sakawit têtiyang wau sami angsal pasitèn saking tuwan tanah ing Bolang, nanging dèrèng narimah, lajêng ambubak pasitèn sanès. Têtiyang wau katingal botên sênêng ing manah, nalika wontên ing margi sami ambêsmi wana.

Samantên kamurkaning manah, bêbasan manawi dipun sukani ati ngrogoh rêmpêla.

Katrangan ing bab racun tempe bungkil. Miturut papriksanipun Dr. Van Veen Mertens ing Laboratorium ing Bêtawi, racun tempe bungkil punika tuwuh saking bangsaning kewan lêmbat tuwin racun, tumamanipun minggah dhatêng utêk.

Tumrap pamrayogining panjagi, botên wontên malih kêdah sarwa ngatos-atos.

Arta ringgit palsu. Pulisi tuwin punggawa pabeyan ing Jambi mêntas anggledhah bangsa Tionghoa saking Singapura, manggihakên arta ringgit palsu 20 iji. Ringgit palsu kados makatên punika kêrêp pinanggih wontên ingriku, mila tansah kêncêng nindakakên gledhahan.

Dupèh awis arta kemawon, tiyang lajêng badhe damêl piyambak.

[Grafik]

Calon Sultan Asahan. Sampun kawartosakên wontên ing sêrat-sêrat kabar, ing Asahan badhe jumênêng sultan enggal asma Têngku Saibun Abdul Jalil Rahmatsyah. Calon sultan enggal punika anggêntosi suwargi ingkang rama, ingkang seda kala taun 1914, wontênipun sawêg badhe kajumênêngakên, amargi sasedanipun sultan sêpuh, sang pangeran dèrèng yuswa.

Kaukum jalaran nampèni bêsêl. Pangadilan justitie ing Bêtawi mêntas ngrampungi prakawisipun Tuwan van Hemmert, tilas onder commissaris politie, kaukum sêtaun, jalaran kalêpatan nampèni bêsêl.

Punika kaca bênggala.

Arta kêrtas palsu. Kantor arta nagari Banjarnêgara mêntas ndênangi arta krêtas nyadasa rupiyah palsu. Mênggah titikipun: gambar Javasche bank kirang cêtha, kasar, angka-angka 10 ing pojokan katingal sulak jêne, botên pêthak mêmplak kados ingkang tulèn. Sarêng dipun takèkakên dhatêng kantor pos angsal katrangan bilih arta kados makatên punika cocog kados ingkang kapratelakakên wontên ing wara-wara wados.

Prayogi sami ngatos-atos, sapunika sawêg awis arta.

Kasugihanipun K.P.A. Natapura suwargi. Ing sasedanipun K.P.A. Natapura ing Surakarta, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, sarêng katindakakên papriksan, kagungan tilaran: awarni arta mêthuthuk f 132.000.- arta ingkang sumimpên ing bank f 500.000.- Kajawi punika taksih kagungan aandeel warni-warni, kados ta K.P.M. Factorij tuwin sanès-sanèsipun.

Kasugihanipun K.P.A. Natapura suwargi punika nama linangkung, bokmanawi awis sinatriya kagungan kasugihan samantên.

J.I.B. golongan wanita ing Bêtawi kêndho. Wontên pawartos J.I.B. golongan wanita ing Bêtawi kêndho. Mangka nalika congres J.I.B. ing Madiun angsal eerste prijs babagan padamêlan tangan tuwin angsal pangalêmbana saking congres sanès-sanèsipun.

Mangga ah, sampun ngantos nguciwani. Wungu-wungu.

Salingkuh ing hotel Vereeniging. Pangadilan Justitie ing Bêtawi nindakakên papriksan ing bab arta f 250.000.- ingkang andadosakên kapitunanipun N.I. Hotel Vereeniging. Sayêktosipun prakawis punika sampun dangu, dene ingkang kenging pandakwa sampun ngajal kala taun 1930. Wusana sapunika tuwuh papriksan malih.

Manawi arta samantên lajêng badhe wuk, inggih bêgjanipun ingkang nanjakakên.

--- 1395 ---

Dr. Cipto kintun sêrat dhatêng P.T.I.D. Dr. Cipto Mangunkusumo kintun sêrat dhatêng Tuwan Liem Koen Hian ing Surabaya, suraosipun nayogyani dhatêng lairipun P.T.I ingkang nyambut damêl sêsarêngan kalihan P.B.I.

Mirid pawartos kados makatên punika, sanadyan Dr. Cipto punika sampun tinêbihakên, nanging raosipun dhatêng kabêtahan umum taksih wontên. Wêdaling pangayubagya wau têmtu adamêl sênêngipun ingkang dipun tuju.

Pasamuwan ing Tasikmalaya. Benjing Sèptèmbêr 1933 ing Tasikmalaya badhe wontên pasamuwan, 1. mèngêti adêging Sukapura sampun 300 taun, 2. mèngêti nunggiling Kabupatèn Sukapura, Sukapura Kolot tuwin Tasikmalaya dados satunggal nama Tasikmalaya sampun 32 taun, 3. mèngêti darah Wiratanuningrat anggèning dados Bupati Tasikmalaya sampun 25 taun lan 4. ewah-ewahan Sukapura dados Tasikmalaya.

Kintên-kintên pasamuwan punika badhe agêng-agêngan, amargi gêgayutan kalihan babad nagari, nanging sarèhning jamanipun kados makatên, bokmanawi inggih namung sacêkapipun kemawon.

Pangiridan ing pakaryan pos. Miturut katrangan, cacahing punggawa pos ingkang dipun kèndêli saking padamêlan, agêng alit wontên kalih ewonan. Kajawi punika pakaryan pos inggih taksih nindakakên pangiridan bab padamêlan cap-capan. Ing taun 1930 ngêdalakên waragad f 817.000.- Ing taun 1931 tuwin 1932 mêndhêt pêpetangan sangang wulan namung f 551.000.- tuwin f 400.000.- Sadhiyan waragad ing taun 1932 wontên 4 1/2 yuta rupiyah. Tumrap waragad 1930 wontên 18 1/2 yuta rupiyah, angsal-angsalanipun namung 16 1/2 yuta rupiyah.

Pêpetangan kados inginggil punika kenging kangge ngukur bab usrêkipun ing pakaryan pos.

Numpak sêpedha ngidêri tanah Jawi. Ing Surabaya mêntas wontên padvinder 3 bidhal ngidêri tanah Jawi sarana numpak sêpedha. Padvinder 3 wau, 1. nama tuwan-tuwan Suwarno, murid Nias, 2. Makun murid Nias tuwin 3. Amiaji murid B.A.S. Sêdyanipun ingkang sami andon lampah wau badhe njêmbarakên sêsêrêpan tuwin wawasan ing bab gêsanging golongan Islam ing tanah Jawi. Kajawi punika inggih gadhah sêdya badhe ngiyatakên dayaning Islam tumrap dhatêng para mudha Islam ingkang kêpasuk dhatêng wulangan kilenan. Lan malih lampahipun wau ugi ambêkta lis dêrma kangge kabêtahaning Kweekschool Islamiyah ing Surabaya.

Dados tindaking neneman têtiga punika mêngku paedah warni-warni.

Angsal-angsalanipun nagari. Ing salêbêtipun wulan Augustus kapêngkêr, angsal-angsalanipun nagari wontên 54.4 yuta rupiyah, dene kala wulan makatên taun 1931 wontên 46.3 yuta rupiyah. Salêbêtipun 8 wulan taun 1932 wontên 279.2 yuta rupiyah, dene salêbêtipun 8 wulan taun 1931 wontên 335.9 yuta rupiyah. Dene ingkang angsal-angsalanipun ragi manjila namung ingkang pinanggih wontên ing wulan Augustus 1932.

Mangsanipun pancèn sawêg nuju mlorot.

Congres P.G.H.B. Congres P.G.H.B. taunan badhe katêtêpakên wontên ing Surakarta, benjing tanggal 12 dumugi tanggal 17 Januari 1933. Rancangan rêmbag kajawi sanès-sanèsipun, ugi badhe ngrêmbag bab santuning têmbung Hindia Bêlanda dados Indonesia.

Congres punika kintên-kintên badhe rame, amargi kathah rêmbag ingkang wigatos.

Tanêman sata ing Bondowoso. Kawontênanipun tanêman sata ing bawah Bondowoso kala taun 1931 cacah 7000 bau, dene ing taun 1932 kirang saking 3000 bau, sadaya punika kalêbêt tanêman kabudidayan tuwin partikêlir.

Têmtunipun kiranging tanêman punika botên anocogi kalihan wontêning pajêg sata.

Pajêg sata ing Kêdiri tuwin Blitar. Miturut taksiran angsal-angsalaning pajêg sata ing Kêdiri wontên f 100.000 ing Blitar f 70.000.

Sawêg kalih nagari kemawon sampun samantên. PanyènPancèn. inggih botên sakêdhik.

Bok anèm dipun racun bok sêpuh. Ing C.B.Z. Sêmarang mêntas ngupakara tiyang sakit nama BobBok. Prawira anèm, wêkasanipun tiwas. Miturut papriksan, jalaraning tiwas wau dipun racun dening Bok Prawira sêpuh, inggih punika marunipun. Ing sapunika bok sêpuh katahan.

Kados makatên wohipun tiyang mêmaron. Pundi ingkang nama sae. Sadaya sami manggih kapitunan kanthi kasusahan.

NAGARI WALANDI.

[Grafik]

Tuwan A.M. Hens seda. Wontên pawartos saking nagari Walandi, Tuwan A.M. Hens, tilas warga Raad Hindia seda, yuswa 62 taun.

EROPA.

[Grafik]

Pangeran Michael wontên Inggris. Kajawèn mêntas martosakên ing bab anggènipun Pangeran Michael pêpanggihan kalihan ingkang ibu nalika sang pangeran nglêrêsi têtêp yuswa 11 taun. Inginggil punika gambaripun sang pangeran nalika sowan ingkang ibu dhatêng Inggris mampir mariksani museum ing Kensington (ing têngên) mriksani pirantos warni-warni.

--- 1396 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

55.

Ing dintên wau, Suwita nyèlèhakên sirah wontên pangkoning ibunipun. Radèn Ngantèn Sumarta ngêlus-êlus sirahing anakipun kalihan mrêbês mili tuwin wicantên: Besuk yèn kowe wis gêdhe, sêkolah ya le.

Wangsulanipun Suwita: Sêkolah Lônda.

Wangsulaning lare ingkang namung cêkakan punika, raosipun sagêd adamêl karônta-rantaning manahipun Radèn Ngantèn Sumarta, awit ungêl makatên punika sajatosipun atêgês panjang.

Sasampunipun sawatawis dangu, Suwita lajêng kesah. Lampahipun Suwita kala punika dipun êtut panyawanging eyangipun kalihan wicantên: E, rupane bocah iki athik plêk kaya bapakne. O, muga bocah iki bisaa olèh panggulawênthah bêcik, aja kliru kaya bapakne.

Radèn Ngantèn Sumarta nyambêti: Adat kalakuwan punika gampil dipun ewahi, waton panggulawênthahipun botên kalèntu. Thole punika manahipun burus. Pangajêng-ajêng kula, pun thole sagêda dados dandosan.

Muga-muga Pangeran nêmbadani kang dadi panuwunmu gèr. Wong kang sabar kaya kowe iku, pantês olèh ganjaraning Pangeran.

20. Angsal margi padhang

Tuwan Sumarta sakalangkung susah ing manah, sasampunipun pêpisahan kalihan ingkang èstri lajêng mondhok wontên ing griyaning kancanipun bôngsa Walandi. Kônca wau sakalangkung supêkêt, mila sarêng tuwan Sumarta manggèn ing ngriku, dipun tampi kanthi suka bingahing manah. Ananging tumraping nyonyahipun, botên gadhah manah kados ingkang jalêr, anggènianggènipun. purun kanggenan Tuwan Sumarta punika namung jalaran ngèngêti pambayaripun sabên wulan f 100.-

Sanadyan bêbudènipun nyonyah wau botên kasar, nanging tumrapipun tuwan Sumarta inggih sampun karaos ing manah, bilih anggènipun wontên ngriku punika botên dipun tampi sayêktos. Anggènipun wontên ing griya ngriku, petangipun sampun tigang wulan, nanging ingkang dipun ambah Tuwan Sumarta namung kamar ngajêng tuwin patilêman thok. Manawi badhe dhatêng wingking tuwin jamban, lampahipun kêpêksa mêdal ing jawi, ngubêngi griya. Awit, nyonyah ingkang gadhah griya anggènipun malilahi Tuwan Sumarta malêbêt ing griya namung manawi nuju nêdha. Tuwan Sumarta dèrèng nate dipun wanuhakên kalihan tamunipun ingkang gadhah griya, lan Tuwan Sumarta piyambak inggih botên nate dipun dhatêngi tiyang. Dados salaminipun, sabên wangsul saking padamêlan, lajêng dhêlêg-dhêlêg piyambakan wontên ing kamar, utawi tilêman, dipun saslamur kalihan maos buku.

Manawi ingkang gadhah griya nuju linggih wedangan wontên ing patamanan, Tuwan Sumarta inggih kapengin angêmori. Sampun rambah kaping tiga, Tuwan Sumarta akèn dhatêng jongos, supados cangkiripun kabêkta dhatêng patamanan, panggenan anggènipun sami lêlinggihan ingkang gadhah griya, nanging jongos botên ngèstokakên. Tuwan Sumarta inggih lajêng mangrêtos, bilih sadaya wau pinanggih saking pakènipun nyonyah ingkang gadhah griya.

Nanging raos ingkang kados makatên punika, tumrap Tuwan Sumarta nêdya dipun icali. Satunggiling dintên, nalika tuwan tuwin nyonyah ingkang gadhah griya nuju linggih wedangan wontên ing patamanan, Tuwan Sumarta lajêng ambêkta cangkiripun piyambak amurugi, saha wicantên linud ing èsêm: Punapa kula kaparêng tumut lêlinggihan wontên ing ngriki. Adhuh iba sênêngipun.

Nyonyah wau lajêng mangsuli lêlamisan, kanthi ngacarani dipun ajak linggih kêkêmpalan, nanging salajêngipun, tiyang kêkalih jalêr èstri lajêng cêp tanpa ngucap, kajawi namung manawi mangsuli wicantênipun Tuwan Sumarta, samantên punika namung kathah ingkang dipun anthuki, utawi dipun gèdhègi. Nanging tumrap ingkang jalêr, katingalipun inggih badhe ananggapi, ewasamantên botên tilar liring nyawang ulatipun ingkang èstri. Lan sarèhning sêmunipun ingkang èstri katingal botên sarju, tuwan wau inggih lajêng kèndêl kemawon.

Dangu-dangu Tuwan Sumarta saya karaos, mangrêtos manawi ingkang gadhah griya botên rêna dhatêng piyambakipun. Ingkang makatên punika, Tuwan Sumarta ngrumaosi manawi botên mardika gêsangipun. Dene sababipun wontên-wontên kemawon, kados ta manawi Tuwan Sumarta kêladuk anggènipun maos ing wanci dalu, enjingipun samôngsa sarêngan nêdha, nyonyah ingkang gadhah griya lajêng anggrêsah, sêsambat bilih pambayaraning dilah saya kathah. Manawi Tuwan Sumarta kêkesahan wanci dalu, môngka wangsulipun lungse, inggih lajêng dipun sêmoni, pasêmonipun dipun dhawahakên tiyang ingkang mondhok ing tangganipun, kaanggêp tiyang botên sumêrêp tata, botên rumêksa dhatêng kautamènipun ingkang gadhah griya, amargi manawi mantuk sampun dalu, awonipun tamtu anglèpèti dhatêng ingkang dipun pondhoki. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 89, 6 Rêjêb, Dal 1863, 5 Nopèmbêr 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiyêr - Sampun Tilar Kaprayitnan - Tiyang Jawi ingkang Sugih Anggitan - Kasugihan - Adpêrtènsi - Suling tuwin Gêgayutanipun tumraping Gêndhing Jawi - Turunan Sêrat - Bôngsa Walandi punapa Bôngsa Majênun - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Gambuh]

Darapon aywa tambuh / mring lêlakyan kang sok mawèh limut / dêdalane mung kudu anênitèni / nênangi ninging tyas ayu / kayungyun yêming dumados //

dene kang luwih prêlu / lambarana berawaning kalbu / lire kudu bisa pangawak jaladri / bêbasan: lamun mandhukul / paprasên aja kadangon //

yèn lêgok gya dèn urug / mrih warata nora katon brênjul / dadi têtêp ajêg tanpa owah gingsir / jênêng wus bêbètèng kukuh / mungsuhe kandhêg anjomblong //

janma kang praptèng ngriku / nyata antuk wahyuning Hyang Agung / yèn lastari iku kêna dèn arani / wus angambah ing dalanggung / kang anjog ing taman pirdos //

wit ana kang sung tuduh / apa ta kang inganggêp swarga gung / sajatine tan lyan mung têntrêming ati / ya têntrêming ati iku / kang ambuka kaking raos //

anggêre lan salugu / têgêse tan nganggo mirong laku / ngèlingana yèn kang sinêbut kasukcin / iku ya mung tyas rahayu / dudu japa dudu ngèlmon //

--- 1398 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Têmbung-têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiyêr.

VI.

Garèng : Wah, Truk, barêng tak pikir mêmêt, kok iya rame, dhing, bab owah-owahaning têmbung-têmbung: Indhiya Nèdêrlan, lan Inlandhêr didadèkake: Indhonesiah lan Indhonesiyêr kuwi. Nanging aku mêksa rada gumun, Truk, dene Tuwan Sutarja ora ngandikakake panêmune tukang ngêcoprès, aliyas tukang adol carita, aliyas manèh: layang-layang kabar. Biasane iya tukang-tukang ngoprès kiyi, sing sok mèlu-mèlu ngrêmbug nganti ngalur-alur ing bab kaya ngono - kaya ngono kuwi. Nèk watakane pancèn jujur, iya gawe anglêring pikiran, nèk watakane griyal-griyul, panêmune iya pancèn sok sê... mongkol. Priye: Truk, Tuwan Sutarja apa iya ngandikakake panêmune siji-sijining koran...

[Grafik]

Petruk : Iya ngandikakake pisan. Pangandikane jarene ora ngêmungake koran-koran ing tanah kene bae, sanadyan ariwarti-ariwarti ing Surinamê utawa ing nagara Walônda iya padha mèlu ngrêmbug. Lan uwis mêsthi bae, iya ana sing anocogi, iya ana sing suthik sungkan babarpisan.

Garèng : Sing anocogi, kuwi wis gênah para sing ora wajib aku nolak, saupama arêp... nraktir mi gorèng utawa saoto Madura, dene sing ora cocog mau, nèk cêdhak wajib kêkudu... nayab omahe.

Petruk : We, hla, wong gêmblung, ana kok banjur arêp olèh-olehan ajêgan. Wis, wis, saiki tak caritakne pangandikane Tuwan Sutarja mungguhing bab panêmune [panêmu...]

--- 1399 ---

[...ne] layang-layang kabar tumrap owahing têmbung-têmbung Indhiya Nèdêrlan, lan Inlandhêr dadi: Indhonesiah lan Indhonesiyêr mau. Kaya ta: ariwarti Keng Hwa Po ing tanggal 16 Dhesèmbêr taun 1931 kang diwêtokake ana ing Mênadho, kuwi nacad bangêt mênyang bôngsa têlèk-têlèk wong bumi anggone padha gilapên marang têmbung: Indhonesiah.

Garèng : Iki bênêr bangêt, Truk, sanadyan jênêngane rada mambu: bakpao, utawa: poyunghai, gênah iki sobat, cêkake kêna di... utangi pawitan, Truk. Mungguh sing digawe waton anacad para têlèk bôngsa inyong kuwi kêpriye.

Petruk : Sing kanggo wêwaton, layang kabar mau ngèlingake tulisane Tuwan Dr. D. van Hinloopen Labberton ing kalawarti de Taak tanggal 29 Oktobêr taun 1921, ing kono tuwan mau nyêbutake, yèn jajahaning Nèdêrlan têlung nagara, kuwi siji-sijine kudu anduwèni jênêng dhewe-dhewe. Dene tumrap Indhiya Nèdêrlan sing dipilih kanggo jênênge, yaiku: Indhonesiah, jalaran miturut pangandikane tuwan mau, têmbung iki mathuk bangêt karo têgêse. Indhonesiah kuwi têgêse: pulo-pulo Indhiya, kang didunungi bôngsa, kang miturut kawruh, dijênêngi: Indhonesiyêr, lan basane diarani: basa Indhonesiah. Nganti pirang-pirang abad lawase, bôngsa mau cêcampuran karo bôngsa Hindhu, kang anjalari saya beda wong-wonge, têgêse: ana sing irunge ambangir, ana sing pèsèk, ana sing mripate siwêr, ana sing nyambêl gorèng utawa sing kriyip-kriyip, ewasamono bôngsa Indhonesiyêr mau têtêp lêstari dadi bôngsa Indhonesiyêr, lan basane iya ora owah dadi basa Hindhu utawa basa liya-liyane, nanging isih têtêp dadi basa: Indhonesiah.

Garèng : Yah, iya wis lumrah bae, paribasane rak ana, arêpa dianggon-anggonana ali-ali êmas, panganggo sing kêmrompyong kaya arêp tayuban, anggêr sapisan wis dadi lutung, iya têtêp dadi lutung bae, mulane aku sok gumun nyang bangsane dhewe kiyi, sok ana sing dupèh wis bisa: pêrdhom-pêrdhom, banjur kêpengin diarani bangsane: pan dhêplor.

Petruk : Wiyah, wiyah, kok banjur mrono parane, iya ora jangji aku. Wis, wis, tak banjurne manèh. Jalaran saka panêmu kaya sing wis dingandikakake Tuwan Labberton mau, mulane panjênêngane banjur anyêbutake, yèn panêmuning wong kang anggandhèngake têmbung-têmbung: Indhonesiah lan Indhonesiyêr karo angên-angên, lêpas saka Nèdêrlan, kuwi panêmu kala duk kaliru lan panêmu gêblêg.

Garèng : Wah, cocog bangêt aku, Truk. Iki pancèn iya Walônda pradan têmênan, saupama ing kene kiyi kabèh Walandane kaya Tuwan Labberton, wèh, iya suwarga donya têmênan, cêkake aku banjur rabi... nyonyah.

Petruk : Yak, kok banjur le arêp rabi nyonyah bae. Lo, kuwi koran sing anocogi owahing têmbung Inlandhêr dadi: Indhonesiyêr. [I...]

--- 1400 ---

[...ndhonesiyêr.] Nanging koran-koran sing ora cocog, miturut pangandikane Tuwan Sutarja, iya bal-balan, kaya ta: Neerlandia, De Rijkseenheid, De Tijd, Haagsche Post, Nieuwe Rotterdamsche Courant, Deli Courant lan Surinamer, mungguh sing dadi wose anggone ora nocogi mau, sabab têmbung-têmbung Indhonesiah lan Indhonesiyêr kuwi dianggêp ambêbayani tumrap katêntrêmane rasa manunggaling praja Nèdêrlan. Mulane kayadene layang kabar Neerlandia, iya ditobatake turun pitu têmênan, migunakake têmbung-têmbung mau. Jalaran omonge, nèk uwong wis ora migunakake manèh mênyang têmbung: Indhiya Nèdêrlan, jarene iki kêna dianggêp sawijining sasmita, lêpasing Indhonesiah saka praja Nèdêrlan.

Garèng : Wah, hla, kiyi pikiran sing gêblêg têmênan, dadi karêpe supaya dilarangi wong migunakake têmbung Indhonesiah, nanging kudu nganggo têmbung: Indhiya Nèdêrlan. Layang kabar mau apa ora ngèmuti, barang sing dadi larangan, kuwi sok malah akèh sing sok banjur kêpengin nêrak. Buktine kowe lagi têtanggan karo bôngsa Arab kae. Omahe ditutupi rapêt, karêpe rak anglarangi aja nganti tôngga-tanggane wêruh ing sajêroning omahe. Nanging wusanane kowe banjur agawe bolongan ana ing tembok, lan sabên jam papat sore kowe mêsthi anjêngking ngintip ana ing bolongan tembok mau, prêlune nèk-nèke ana... Sripah adus.

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja mêlèhake sing iya-iya mêngkono, wong aku i... sin. Miturut pangandikane Tuwan Sutarja, Kang Garèng, panêmune Neerlandia kaya ing dhuwur, kuwi uga dadi panêmune layang-layang kabar: De Rijkseenheid, De Tijd lan Deli Courant, nanging Indische Gids amadoni panêmu sing kolot kiyi, lan anuduhake yèn têmbung-têmbung mau ora ngêmungake dianggo dening para kawula kang kalêbu golongan: tidhak prêdhuli, sanadyan golongan sing: ngonokna-ngènèkna nurut bae, iya wis migunakake têmbung-têmbung mau. Hla, nèk saiki sing ngusulake gantining têmbung: Inlandhêr dadi: Indhonesiyêr kuwi priyayi pangrèh praja, Indische Gids anduwèni panêmu, yèn golongan Indhonesiyêr ora pisan-pisan anduwèni sêngit nyang pêlandan.

Garèng : Sabênêre iya kliru, Truk, nèk ana pikiran bangsane dhewe dianggêp sêngit nyang pêlandan, nèh apa-apane ora padha ditiru, kaya ta: kawruhe sing muluk-muluk, kapintêrane sing mêncit-mêncit, dalasan anggone ngêlak bae lan... anjogèd rangkul iya ditiru.

Petruk : Hara, kok banjur rupa-rupa mêngkono. Wis, wis, Kang Garèng, kaya-kayane wis cukup anggonku lan kowe padha rêmbugan ing bab usule Tuwan Sutarja. Nèk andêlêng garêngsênge wong-wong bumi saindênge jajahan kene, kang saikine nyata wis ora sondèl nganti tumêka ing balung sungsum diarani: inlandhêr mau, kênduk-kênduke kaya-kayane ana pangarêp-arêpe bakal dituruti, dhing. Lo, kiyi gagasanaku dhewe. Iya lan orane, hla, kuwi: wallahualam.

--- 1401 ---

Pawartos Wigatos

Sampun tilar kaprayitnan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Ananging wontên ugi akal-akal ingkang katindakakên dening sawênèhing mukim-mukim supados angsala kauntungan saking jêmaah piyambak, upaminipun suka pitêdah dhatêng bangsanipun ingkang nêmbe dhatêng wau, bilih wontên ingkang bêtah punapa-punapa, kapurih tumbasa dhatêng satunggiling toko, jalaran ing ngriku bab rêgi-rêgi langkung miring tinimbang ing sanèsing panggenan, sarta malih piyambakipun ingkang sagah dados mutawif.

Ananging kawunina,kawuningana. para jêmaah têmtunipun sami botên sumêrêp sarta kintên-kintên babarpisan botên anggraita, yèn sadèrèng-dèrèngipun mukim wau sampun kontrak aliyas saeka-praya kalihan toko-toko ing bab arta komisi, inggih punika bab epah-epahan. Rèhning ingkang sêsadean wau kapêksa nyukani epahan sarta malih rèhning sumêrêp bilih jêmaah kathah ingkang miturut dhatêng sarêmbagipun mutawif arta komusi lajêng kalêbêtakên ing rêgi-rêgining barang, dados akal kados makatên punika, kintên-kintên sagêd kathah pêpajênganipun tur tanpa kecalan epahan.

Sanajana ing tanah ngriki ing dhusun-dhusun ugi botên kirang ingkang anyambi dados blantik, blantik upaminipun manawi panuju wontên pêkênan maesa utawi lêmbu.

Ananging rêmbag kathah-kathah wau, wosipun angêmungakên mungêl bilih waragad kangge wongsal-wangsul namung f 252,50, dados: sadhengaha jêr sampun gadhah arta samantên, sampun têmtu sagêd kesah tanah Arap wongsal-wangsul. Rêmbag makatên punika, têtiyang lajêng angugêmi sarta angangge waton: yèn wus duwe dhuwit f 252,50 wus bisa munggah khaji. Rèhning kalimrahanipun rêraosan, bisa munggah khaji punika kanggenipun bôngsa muslimin agêng sangêt prabawanipun, pramila botên anggumunakên yèn sawênèh lajêng cekat-cèkêt angwontênakên waragad samantên wau.

Kajawi punika, ing pundia panggenan kemawon tumrapipun tukang apus-apus têmtunipun sakalangkung sagêd mawas dhatêng kandêl tipisipun ing bab kapitadosaning mêmangsanipun, inggih punika sadhengaha ingkang badhe dipun apusi. Saking pintêring pangikaling basa, singa tinaman ing aji-ajinipun prasasat manggèn ing pêpêtêng. Upami ing wêkdal punika wontên ingkang angèngêtakên, satêmah trêkadhang lajêng lêpat panampi, arumaos kamunasika, botên sanès ugi jalaran saking ampuhing pangaribawa wau.

Pramila karangan punika kasukanan nama: sampun tilar kaprayitnan, awit botên sande kapitunan.

Ing ngriki ugi kasêbutakên, mênggah kathahing para mukim kaetang dalah ingkang sami ngaos, tuwin jalaran saking katêlasan arta sangu, utawi malih amargi saking sabab sanès-sanèsipun,

--- 1402 ---

yèn miturut panjanging pakabaran kintên-kintên wontên tiga sêkawan ewunan.

Ing suwau sampun kasêbutakên bilih ginèndèng saking malèsèding jaman, ngantos pamêdal, pangasilan tuwin samudayanipun sarwa kirang, lajêng ngawontênakên tindak ingkang neka-neka, ingkang satêmah anjalari damêl kapitunaning sadhengaha, ingkang kirang wêweka.

[Grafik]

Griya-griya ing Mêkah, ing papan ingkang inggil.

Dados kadugi botên anggumunakên sangêt-sangêt yèn sawênèha para mukim ing Hejas wau, lajêng wontên ingkang nindakakên patrap angupados pangasilan awarni komisi, ingkang lajêng adamêl kalonging sangu-sanguning bangsanipun piyambak ingkang taksih lêma-lêma sarta ingkang taksih gampil kèlunipun punika. Mandar wontên ugi ingkang kaajak dhatêng panggenaning dukan-dukan ingkang sade panganggening pribumi ngrika, upaminipun toko ingkang sade: top egal mislah, umamah, inggih punika saèmpêr kadosdene blangkon lan sapanunggilanipun.

Rèhning ing ngriku pamrihipun ugi botên sanès kajawi namung angarah epahan, pramila lajêng ambêbujuk supados tumbas pangangge wau, apêsipun mêndhêta sêrban utawi umamah, kadosdene jêmaah sanèsipun, supados ing têmbe sawangsulipun ing griyanipun, kenginga kangge anèh-anèhan utawi kangge pameran, lan malih minôngka tôndha yêkti, nyata-nyata sampun nate sêjarah dhatêng tanah suci... sapanunggilanipun.

Dados trêkadhang sêsrawungan ingkang makatên wau, kenging katêmbungakên: ambucal pace wasana amanggih kudhu: têgêsipun ing ngriki, mandar anambahi kalonging sangunipun.

Pramila kasêbutakên makatên jalaran upaminipun para jêmaah wau tumbas piyambak ing toko-tokoning pribumi ngriki, kenging ugi rêgi-rêgining dêdaganganipun kacêngkrèkakên, ananging botên mawi kawêwahan komisi. Kajawi makatên rèhning pribumi rumaos bêtah dhatêng sêsrawunganing para jêmaah, kenging kasêbutakên mèh sadaya syarafi, tuwin tiyang dukan-dukan sami sagêd têtêmbungan Mlajêng, malah wontên ugi ingkang mangrêtos cara Jawi Kilèn, Têngah tuwin Wetan, nadyana satêmbung kalih têmbung upaminipun, ananging sagêd mangrêtosakên ingkang kakajêngaken.

Badhe kasambêtan, Nik.

--- 1403 ---

Kamajêngan

Tiyang Jawi ingkang sugih anggitan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Kêre. Inggih punika kangge tutup lawang utawi aling-aling. Pandamêlipun, wiwit ngongoti dumuginipun ngênam utawi nênun, katindakakên sarana pirantos. Mila angsal-angsalanipun sagêd langkung kathah, tiyang satunggal ing sadintên sagêd angsal 9m2.

Tênunan. Modhèling tênunan kados wêdalan saking Textielinrichting. (Dep: v: L.N.H) namung langkung sae malih. Amargi angsal-angsalanipun tikêl ping 5 tinimbang ingkang wêdalan saking dhepartêmèn lanbao. Nalika kula sawêg sumêrêp sakêclapan, gadhah pangintên manawi tênunan saking dhepartêmèn, upami sagêda damêl inggih nyengkok saking Bogor. Jalaran tênunan ingkang kados makatên kula sampun nate sumêrêp manawi wontên salêbêtipun pêkên malêm. Jêbul pangintên-intên kula wau lêpat, amargi mirid saking katranganipun, pancèn tênunan saking anggitanipun piyambak. Anggènipun nganggit tênunan cara kados makatên sapriki sampun tigang dasanan taun dangunipun, kintên kula langkung rumiyin tinimbang ingkang wêdalan saking dhepartêmèn lanbao. Kalêrêsan nalika punika wontên tênunan modhèl saking Textielinrichting gadhahanipun Radèn Pangulu Adnan ing Klathèn. Wontênipun ing ngriku amargi badhe dipun dandosakên, supados kaewahan murih sagêd rikat angsal-angsalanipun. Dados kula sagêd nandhing bedanipun kalihan ingkang anggitanipun pak khaji.

Gilingan rokok. Pirantos punika kenging kangge nglinting rokok saking krêtas (cigaret).

Timba, saking sugihipun anggitan, dalasan timbanipun inggih kadamêlakên pirantos sagêdipun mikantuki. Pirantos punika anggumunakên, timbanipun sakêdsagêd. lampah kalih, sagêd minggah mandhap piyambak, sagêd nyidhuk lan nyuntak piyambak. Sanajan timbanipun agêng-agêng, sablèk lisah patra, cêkap katindakakên tiyang satunggal kanthi botên rêkaos.

Ingkang kula gêlarakên ing nginggil punika sadaya dèrèng napis, kula pêndhêti ingkang prêlu-prêlu kemawon. Amargi kajawi punika, taksih kathah pirantos-pirantos ingkang sagêd kangge prêlu sanèsipun. Nalika kula dhatêng Sarawadèn, ing griyanipun pak khaji wau, wontên kônca kula satunggal wêdalan saking sêkolahan tukang. Kala nyumêrêpi sadaya pamanggihipun pak khaji, sangêt ing gumunipun. Saya malih tumrap kula, ingkang babarpisan botên anggadhahi dhêdhasar patukangan, wontênipun namung gèdhèg-gèdhèg kemawon. Saking ing manah bêbêg, e dene samantên kêncênganing katekadanipun.

Griyanipun Pak Khaji Adam punika agêng anjênggarang, wontên lojènipun banjêngan, ananging ing pundi-pundi kêbak pirantos warni-warni, ngantos botên wontên papan ingkang sêla. Eman, dene kapintêran ingkang samantên, botên angsal pambiyantu [pambiya...]

--- 1404 ---

[...ntu] saking sanès golongan, malah kasumêrêpanipun ing umum kemawon sawêg sapunika, sarêng kapacak ing kalawarti punika. Bab punika karaya-raya kula andharakên wontên ing Kajawèn ngriki, kanthi pangajab murih Pak Khaji Adam, tiyang Jawi ingkang tanpa sêkolahan tanpa tuntunan punika sagêda kasumêrêpan ing umum.

Sa-ta.

Kasugihan

Sintêna kemawon tamtu mangrêtos ingkang dipun wastani kasugihan, sanadyan caranipun tiyang badhe sugih pisan, inggih mangrêtos, nanging adhakanipun botên sagêd anglampahi. Dene sababipun warni-warni, wontên ingkang jalaran saking botên kacêkaping gêsangipun, dados malah nama tiyang kacomprengan, lajêng kadospundi caranipun anggèning badhe nindakakên rekadaya, amargi ingkang badhe dipun tata botên wontên. Wontên malih ingkang jalaran saking ngêbrèh, botên sagêd anggêmèni pamêdal ingkang lêrêsipun kenging dipun gêmèni. Tuwin sanès-sanèsipun malih.

[Grafik]

Griyanipun tiyang sugih ing Grêsik kalanipun nuju gadhah damêl.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, mênggah têtelanipun, tiyang badhe sugih punika, ing sabên dintênipun kêdah sampun abêbadhe, inggih punika tumindak ngindhak-indhakakên bandhanipun, dados mênggahing sèlèhipun, kêdah sarana among dagang sapanunggilanipun.

Nanging mênggah gawatipun tiyang among dagang, punika inggih satunggiling tindak ingkang angèl dipun lampahi, dados mathukipun kêdah dipun tindakakên dening tiyang ingkang mangrêtos dhatêng ubêding among dagang.

Satunggil-satunggiling panggaotan, punika limrahipun kados ênggèn-ênggenan, kabêkta saking nalurinipun, kados ta nagari panggenaning sinjang, panggenaning sês, panggenaning wowohan tuwin sanès-sanèsipun, punika majênging padagangan inggih kêdah sarana dagang kados caraning nagari wau.

Ing sapunika ngraosi ing bab sugih-sugihipun têtiyang ing Grêsik, punika tumrap wawasanipun têtiyang ingkang dèrèng sumêrêp, tamtu pakèwêd anggènipun mastani, têtiyangipun ing ngriku dêdagangan punapa, mênggahing pangintên namung sagêd nêtêpakên, kabêkta jalaran ing ngriku punika nagari amangku palabuhan, limrah manawi têtiyangipun prigêl alampah dagang.

Sayêktosipun panggaotanipun têtiyang ing ngriku punika pancèn warni-warni, tumindakipun katingal kêlêm, nanging sajatosipun kathah ingkang sugih-sugih. [sugih-su...]

--- 1405 ---

[...gih.] Gêsangipun sabên dintên katingal prasaja, griyanipun agêng-agêng, katingal sami suwung. Nanging manawi nuju kalanipun gadhah damêl, griya agêng ingkang katingal suwung wau lajêng padhang sumêblak pindha kaswargan.

Mênggah sajatosipun, griya ingkang padatan katingal sêpên asingup, punika pancèn mêngku kajêng, inggih punika prêlu kangge sadhiyan murih dipun ênggèni pêksi sêndawa, limrahipun pêksi wau lajêng manggèn wontên ing lotèng. Susuhing pêksi wau ingkang lajêng dados padagangan agêng, kados ingkang sampun nate kacariyos ing Kajawèn nomêr 83-84.

Dados mênggahing cêthanipun, kasugihan punika pinanggihipun kêdah saking tumindaking pangudi ingkang tansah lumintu. Tôndha yêktinipun kados kasugihanipun tiyang ing Grêsik wau, anggèning katingal namung kèndêl, sajatosipun tansah tumindak ing damêl.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 202 ing Pujon. Sêrat Damarwulan ingkang kasade dening Bale Pustaka punika, adhapur pakêm padhalangan ringgit krucil. Dados campuran, wontên ingkang katêmbangakên, wontên ingkang botên.

Lêngganan nomêr 1876 ing Juwana. Wontên rêgi f 2.50.

Lêngganan nomêr 4242 ing Sala. Ing wulan Sèptèmbêr administrasi botên nampi arta saking panjênêngan, namung kala 19 Ogustus, wontên f 1.50 tumrap kuwartal punika.

[Iklan]

--- 1406 ---

Kagunan Jawi

Suling tuwin gêgayutanipun tumraping gêndhing Jawi

Para maos têmtunipun botên kêkilapan, suling tumrapipun rêricikaning gamêlan Jawi. Yèn nitik dhatêng gamêlan Jawi, istingarah suling punika sajak gagrag enggal, liripun nelad gagrag blaas instrument, sabab gamêlan Jawi punika sampun kawêntar golonganing slaginstrument, ewadene suling cêtha kabudayan Jawi lugu. Ingkang kula angge pasêksèn sêrat kina, ingkang taksih mawi basa Jawi, angojahakên suling. Gampilipun ing salah satunggiling sêrat anggitanipun êmpu Sêdhah ing Mamênang, wontên ukara ingkang suraosipun nyôndra ungêling suling. Ing môngka jaman samantên têtiyang Jawi dèrèng canthuk kawunglawung. kalihan bôngsa Walandi. Kados punika panglaras kula, yèn suling dêlês kabudayan Jawi.

[Grafik]

Dados manawi makatên, gamêlan ingkang pêpak, kêdah botên atilar suling, ewadene kathahing gamêlan kenging sinêbut cotho dhatêng suling. Makatên punika saking panaliti, sabab ingkang kiyat tumbas, dèrèng têmtu dhêdhasar rêmên dhatêng gêndhing. Utawi ingkang baku bêtah, botên gampil kasêmbadan, sababipun tukang suling, ugi katut damêl, ananging botên angèn swara. Tandhanipun kula sampun nate mrangguli tiyang bêtah suling, sampun milih langkung saking 5 iji, dèrèng manggih ingkang salaras dhatêng gamêlanipun. Gampilipun suling bêngkêtan ingkang dipun idêr-idêrakên namung suling jajanan, kangge dolananing lare kemawon.

Rèhning suling wau rêricikaning gamêlan, dados pandamêlipun ugi kêdah ugêr guru lagu, upaminipun guru wilahaning gambang utawi sanèsipun, emanipun bab punika dèrèng jêjêg paugêranipun, taksih ogal-agil, katôndha ningali ingkang sampun kagiyar ing ngakathah, ngangkani wilahan pinanggih beda-beda, punika adamêl pakèwêd ingatasipun ingkang rêmên nalusur, ingkang sinau ugi makatên. Tujunipun gamêlan gampilan punika sampun kenging kasêbut sampurna, dados pangrêbdanipun namung nurun ingkang sampun wontên, punika kula dèrèng narimah, sabab punika gapilgampil. katriwalipun, ingkang kula pikajêngakên pambudinipun dhatêng kawruh, punika sagêd langgêng, makna botên sagêd risak, lumintu wontên, sipat kinarsakakên.

Dene gamêlan punika cêtha kaindhakanipun bôngsa Jawi ingkang sami ulah swara (têmbang) pramila lajêng wontên têmbung gêndhing-gêndhèng, punika sabab sajinis, gampilipun swara cangkêm lan swara gôngsa. Dados paugêran têtêp, angèn swara cangkêm (têmbang), môngka lajêng beda-beda purugipun, punika nama dèrèng kacêpêng êpokipun.

Badhe kasambêtan

Sumadi - Pangarasan.

--- 1407 ---

Kawruh Sawatawis

Turunan sêrat anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Tangguhing pêksi prêkutut

[Pangkur]

kunêng malih winursita / tangguhipun pêksihpêksi. sawiji-wiji / pinirsa sisik lan cucuk / wulu kalawan netra / pasêmone myang solah kalawan patut / punika dipun waspada / tanahnya sawiji-wiji //

kalamun sira tumingal / ana pêksi wungu sikile kèksi / têrus lawan gênthanipun / myang tlapukane pisan / gih puniku Pajajaran tangguhipun / puniku dipun waspada / yèn sira anangguh pêksi //

yèn pêksi ijo kumilat / trusing gêntha myang tlapukanirèki / tangguhira Majalangu / yèn pêksi sêmu abang / sikilira atêrus myang gênthanipun / trus malih ing talapukan / cucukira ngêmprit gantil //

puniku tangguhe Tuban / lamun pêksi sikile sêmu putih / têrus marang gênthanipun / sarta cucuke cêndhak / gih puniku mring Mataram tangguhipun / yèn pêksi bawuk sukunya / trus gêntha tlapukannèki //

yèku tangguh marang Pajang / lamun pêksi sukune sêmu putih / ing pasêmone kulawu / trus ing gêntha tlapukan / yèku marang Sidayu ing tangguhipun / lamun pêksi sêmu abang / têrus gênthanira tuwin //

miwah têrus mring tlapukan / abang mudha Dêmak tangguhing pêksi / pitung prakara kang tangguh / poma dipun waspada / ingsa Allah saking titahing Hyang Agung / pinasthi dening Hyang Suksma / anggonên dimèn amanis //

Patrapipun tiyang sêsabin.

[Dhandhanggula]

enjing pasang angidêr-idêri / lampahnya sang dyah asêsingkalan / sampun anggalêng sinome / moncrot-moncrot sang ayu / ing pêpadon ataping alis / pêpilis têtebokan / dinulu wèh patut / agêgônda lêlawêdan / sampun alus kang kiswa dipun garoni / sigra nglèrakên rupa //

pêpaesan dinulu amanis / gilar-gilar warnane gumawang / pan sampun lumah jiwane / kakung tan pêgat rapuh / enjing sontên marêk ing rabi / sakalangkung sihira / marang gawarnipun / tan pêgat pinapaesan / duk samana kinudang sajroning ati / Gusti muga tulusa //

baya pantês kinarya wêwinih / pêpantêse kalamun pêputra / gustiku tiru ibune / pantês yèn karya tuwuh / kumuridên rasaning ati / kasawur lali buyar / kang ati akusut / cumumbi kumala-kala / mèh rong sasi kadaut rasaning ati / gusti ngalih panggonan //

duk samana kakung nyangkramani / srênggaranira abêbanjaran / tinurut pinggir sinjange / kakung tan pêgat rawuh / pawèstrine wus dèn têmêni / sigra apulang raras / warna nglayung-layung / kasorotan dening surya / gya tinoyan sang dyah ayu sigra nglilir / warna ijo tumeja //

Badhe kasambêtan.

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bangsa Walandi punapa bangsa majênun ?

Sajatosipun ingkang badhe kula obrolakên ing dintên punika barang ingkang sampun wayu, barang ingkang sampun bosok. Ing sarèhning kula namung dipun pasrahi adamêl obrolan ing dintên Saptu, amila inggih botên sagêd, saupami: thak, thêk, kêdah angrêmbag prakawis-prakawis ingkang mêntas kalampahan. Jalaran saking punika kula lajêng kêpêksa asring ngobrolakên prakawis-prakawis ingkang sampun wayu utawi sampun bosok. Nanging kula gadhah kapitadosan, bilih botên sadaya ingkang wayu utawi bosok punika, asal wayu utawi bosokipun wau botên kêladuk, mêsthi botên kangge. Kados botên langka kemawon barang ingkang wayu utawi bosok jêbul malah dipun sênêngi ingakathah. Kados ta: wayuning gudhêg utawi dhèndhèng-ragi, kados-kados malah ingkang dipun anggêp gandêm. Punapa malih tempe, punika ingkang dipun kanggèkakên jêbul malah ingkang... bosok. Jalaran saking punika kula lajêng wani ngobrolakên barang ingkang wayu utawi bosok punika, manawi-manawi lajêng sagêd dipun anggêp kadosdene gudhêg utawi tempe wau. Mangga samangke kula wiwitanipun.

[Grafik]

Inggih punika (ing têngah) wujudipun tiyang majênun.

Dèrèng dangu punika ing ariwarti Locomotief ngêmot gêgubahaning satunggalipun titahing Pangeran. Manawi nitik isining gêgubahan, ingkang katingal nganèh-anèhi, sajakipun ingkang damêl wau bangsaning Walandi, nanging inggih bangsa Walandi ingkang jail mêthakil, thik kawêwahan drêngki. Manawi ningali ingkang nandha-astani wontên ing sagandhaping gêgubahan wau, cêtha wela-wela namaning tiyang bangsanipun piyambak, amung kemawon sanajana bangsa piyambak, têmtunipun inggih ingkang sampun jumênêng... majênun.

Mênggah cêkak aos wosing gêgubahan ingkang kapacak wontên ing ariwarti Locomotief wau, kados ingandhap punika:

Balanjanipun kaum bêrah bangsa tiyang siti, punika saupami kasuda 50% sayêktosipun botên dados barang-barang, awit gêsangipun punggawa-punggawa gubêrnêmèn bangsa tiyang siti punika, sagêd dipun damêl mirah sangêt, beda kalihan bangsa Eropa, sadaya-sadayanipun pancèn awis waragadipun. Amila punggawa-punggawa tiyang siti botên prêlu tiru-tiru kadosdene punggawa Eropa, botên susah mawi sêtelan pamlbeach, botên susah nêdha ingkang sarwa mêrtega, melk...

Sampun, sampun, botên prêlu dipun lajêngakên, mindhak nuwuhakên sêsakit tai basu (t.b.c.) kemawon. Jalaran saking andharan ingkang natoni manahipun para punggawa gubêrnêmèn tiyang siti saumumipun wau, amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih sakathahing sêrat kabaripun bangsa tiyang siti lajêng amastani: andharan nasar, andharan ngayawara utawi andharanipun tiyang nglantur, ingkang têmtu anjalari jaja bang mawinga-winganipun jagading kaum bêrah tiyang siti sadaya.

Nanging mênggahing kula, bawanipun tiyang sabar tuwêkal, thik lumuh dhatêng rêgêjêgan, inggih botên wani manawi amastanana kados ingkang kacariyosakên inginggil wau. Ewasamantên ing sarèhning gêgubaganipungêgubahanipun. wau ragi nyangklak sangêt tumrap bangsa kula tiyang ngriki, amila wani kula inggih namung amastani: bilih gêgubahan wau damêlanipun Walandi drêngki, utawi manawi tiyang Jawi, inggih bangsanipun majênun.

Anggèn kula mastani gêgubahan damêlanipun Walandi ingkang drêngki, liripun makatên:

Kula akêni bilih kamajênganipun bangsa ngiriki punika sabagean agêng saking dayanipun bangsa Walandi. Sagêdipun bangsa Jawi anggadhahi kawruh saha kasagêdan mawarni-warni, ngantos wontên ingkang [ing...]

--- 1409 ---

[...kang] dados Ingenieur, Meester ing babagan pangadilan, Doktêr, Inspecteur, Referendaris, Commies lan sasaminipun, cêkak aos sagêdipun kathah bangsa kula sami anggadhahi pangkat ingkang dakik-dakik sarta sathekruk blanjanipun, punika ingkang sabagean agêng inggih jalaran saking parimirmanipun bangsa Walandi. Ingriku dados têtela bilih umumipun bangsa Walandi pancèn mrayogèkakên sarta mangayubagya dhatêng kamajênganing bangsa-bangsa tanah ngriki, buktinipun sami purun ngliyêrakên sadaya kawruh tuwin kasagêdanipun, ngantos samangke kathah têtiyang siti ingkang nyamèni, malah sawênèh wontên ingkang ngungkuli kasagêdaning para gurunipun wau. Ing wusana dayaning kawruh tuwin kasagêdan saking para Walandi wau lajêng anjalari ewahing gêsangipun para ingkang sami anêcêp kawruh-kawruhipun. Têgêsipun bangsa ngriki ingkang suwaunipun narimah nêdha sêkul jangan kalihan sambêl, lajêng gantos nêdha: bestiek-bestiekan, sop-sopan lan sasaminipun. Ingkang suwau narimah lumampah tanpa lambaran, samangke lajêng sami slop-slopan utawi sêpaton. Cêkakipun bangsa ngriki wau lajêng ing sadaya-dayanipun kathah ingkang sami ngemba gurunipun, inggih punika bangsa Walandi. Tumrap bangsa Walandi ingkang jujur manahipun, têmtu ngraos sênêng saha agêng manahipun, dene para muridipun sampun samantên anggèning sami nêcêp wulanganipun, ngantos kenging dipun paribasakakên anyamèni dhatêng gurunipun.

Nanging sampun dados kalimrahan wontên ing donya punika, inggih tumrap bangsa punapa kemawon, makatên ugi tumrap bangsa Walandi, mêsthi wontên ingkang sae saha jujur manahipun, nanging ugi wontên ingkang jail mêthakil tuwin drêngki, têgêsipun: wontên bangsa Walandi ingkang lair-batos suka-rêna manahipun, dene para muridipun, inggih punika têtiyang siti, sami majêng-majêng ngantos anyamèni saliranipun, nanging ugi wontên ingkang mêcucu, botên narimah saha botên rila sangêt, dene bangsa ingkang rumaosipun kêdah tansah sangandhaping talapakanipun têka badhe anjajari dhatêng kaluhuranipun. Amila ing batos inggih tansah ewa, tansah jêlèh, tansah ambêdhêdhêg padharanipun, manawi sumêrêp bangsa ngriki sajak badhe anyamèni saliranipun. Bawanipun sampun katempelan manah drêngki, ing wusana inggih lajêng tansah ambudidaya sagêdipun adamêl kapitunaning têtiyang tanah ngriki. Kalêrêsan dene lajêng wontên ada-adaning nagari badhe ngewahi pranatan blanjaning para punggawanipun; murih têtiyang siti sampun ngantos nyamèni dhatêng kaluhuranipun, bangsa Walandi ingkang drêngki wau lajêng ngakên nama Jawi nglêbêtakên karangan ing Locomotief ingkang isinipun kados kasêbut nginggil. Lo, punika namung gagasan kula. Awit rak inggih mokal, ta, manawi tiyang Jawi lajêng ngasorakên bangsanipun piyambak. Amila kula lajêng anggadhahi gagasan, bilih gêgubahan ing Locomotief punika sanès damêlanipun tiyang Jawi, nanging damêlanipun Walandi, nanging inggih bangsanipun Walandi ingkang drêngki.

Kula amastani, bilih gêgubahan ing Locomotief wau damêlanipun bangsa majênun. Awit bangsa majênun wau cariyosipun kalêbêt salah satunggaling umat, ingkang sampun angêmohi kadonyan. Nanging kauningana, bilih tekadipun majênun anggènipun angêmohi dhatêng kadonyan wau, namung tumrap dhatêng awakipun piyambak, têgêsipun tekadipun ingkang makatên punika, namung tumrap dhatêng awakipun piyambak kemawon. Beda kalihan majênun ing Locomotief, saupami ngantos dipun gêgaa gêgubahanipun, ingkang kula botên pitados babarpisan manawi angèngêti dhatêng kaluhuraning kawicaksananipun Pamarentah, têmtu botên ngêmungakên sang pindha majênun wau piyambak, ingkang angsal kapitunan, nanging ugi lajêng anyrambahi dhatêng sadaya punggawaning nagari saumumipun.

Manawi dipun manah ingkang langkung panjang, wohing pikiranipun sang pindha majênun punika, lajêng têrang sangêt anelakakên dhatêng cêkaking bêbudèn, cupêting wawasanipun. Jalaran piyambakipun botên angèngêti, bilih sampun dados kalimrahan, sadhengah bangsa punika, manawi saya mindhak kawruhipun, mindhak pasrawunganipun, sampun têmtu inggih lajêng mindhak kabêtahanipun, ingkang salaras kalihan jaman, ingkang dipun ênciki. Ing mangka kula sadaya bangsa pribumi, kajawi niyat dipun gulawênthah dening pamarentah murih kamajênganipun, anggèning tansah pasrawungan kalihan bangsa mawarni-warni tur ingkang dipun anggêp mulya sampun dangu sangêt. Inggih saking anggènipun tansah dipun gulawênthah dening pamarentah murih kamajênganipun, tuwin anggèning sampun dangu pasrawunganipun kalihan bangsa warni-warni ingkang dipun anggêp mulya wau, kabêtahan tuwin panggêsanganipun lajêng gêsang piyambak murugi dhatêng panggenan ingkang sami dipun ambah dening pasrawunganipun.

Kajawi punika ingkang anggumunakên sangêt, têka pikiranipun sang pindha majênun botên anggadhahi raos, saupami punggawanipun pamarentah têtiyang pribumi punika kalampahan kados dene usulipun, inggih punika dipun suda blanjanipun ngantos 50% botên kenging botên gêsang utawi kawontênanipun têmtu namung untab-untaban kemawon kalihan gêsang utawi kawontênanipun... mantri ukur jalan ingkang ambêkta têkên. Manawi punggawaning pamarentah makatên sadaya kawontênanipun, sintên ingkang badhe angsal kalingsêman utawi badhe dipun êlokakên dening sanès, botên liya inggih pamarentah piyambak, ingkang asipat adil paramarta tur wicaksana.

--- 1410 ---

Ewasamantên sarèhning kula sadaya sami ngrumaosi dados kawula, dados manawi pamarentah kagungan karsa badhe ngêlongi utawi nyuda blanjanipun para punggawa têtiyang siti ngantos 50% upaminipun, dening kêpêksa saking anggènipun badhe anyêkapakên begrootinging nagari, botên langkung kula inggih namung andhèrèkakên amin kemawon, têgêsipun botên badhe suwala. Namung kemawon pamarentah inggih kêdah angagêma adil sarta kawicaksananipun; agêgayutan kalihan lampahing ngalitakên begrooting wau, pramila benjing salajêngipun inggih kêdah anglêstantuna dhatêng ancas murih kacêkaping begrooting. Dados saupami wontên padamêlan nagari ingkang sagêd katindakakên dening têtiyang pribumi, sampun ngatosngantos. lajêng kaparingakên dhatêng bangsa sanès ingkang ngakên gêsangipun botên sagêd irid kados bangsa kula.

Têrangipgên:Têrangipun:. bilih wontên lowongan pandamêlan nagari, punapa kemawon, mangka dipun suwun dening têtiyang kalih, (bangsa mirah kalihan bangsa awis), punika bilih kasagêdan utawi kawruhipun sami, adil tuwin wajibipun kêdah kaparingakên dhatêng bangsa mirah, awit kajawi balanjanipun namung sakêdhik, padamêlanipun sami:

Makatên cêkaking grayangan kula tumrap bab punika, mirid kawontênaning jaman ingkang sami kasumêrêpan samangke. Dados pamarentah botên gêmpal kaluhuranipun, nagari sagêd tumindak sae, kawula rumaos dipun gulawênthah murih kamajênganipun saèstu. Manawi kalêksanan makatên, botên kenging botên prabaning pamarentah têmtu badhe saya ngujwala anyoroti dhatêng jagad ingkang dados siti wutah rahipun.

Pun PÊNTHUL

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKNGRIKI.

[Grafik]

Mr. M. Djamin. Kamajênganipun bangsa ing tanah ngriki tansah saya katingal. Sakêdhap2 wontên pawartos ing bab bangsa ngriki angsal sêsêbutan Dr. Mr. Ir. tuwin sanès-sanèsipun. Ing sisih punika gambaripun Mr. M. Djamin, asli saking Sulit Air. Tuwan wau Mr. wêdalan nagari Walandi. Ing sapunika dados advocaat tuwin procureur Raad van Justitie ing Padang. Tuwan wau nêmbe dipun paargya cara kabangsan kaangkat sêsêbutan datuk.

P.T.I. saya majêng. Partai Tionghoa Indonesia ingkang têlêngipun wontên ing Surabaya, katingal saya majêng. Ing sapunika sampun madêg pang-pangipun ing Sêmarang, Mojokêrta tuwin Magêlang, malah sajawinipun tanah Jawi ugi sampun wontên.

Mirid sêsulakipun, pakêmpalan enggal punika badhe saya agêng.

Pêpajênganipun candu ing Jawi têngah suda. Ing salêbêtipun tigang wulan kapêngkêr, pêpajênganipun candu ing Jawi Têngah namung 17.000 tail, mangka kala taun kapêngkêr kados pêpetangan punika wontên 24.000 tail. Sudan wau inkangingkang. kathah piyambak ing Kêdu. Mênggah angsal-angsalanipun arta suda f 230.528.70. Pêperanganing angsal-angsalan, Pêkalongan f 64.000, Sêmarang f 162.000, Jêpara tuwin Rêmbang f 135.000, Banyumas f 33.000 tuwin Kêdu f 118.000.

Sarèhning angsal-angsalan samantên petanganipun taksih suda, dados pêpajênganipun candu punika pancèn kathah yêktos. Tamtunipun cacahing tiyangipun nyêrèt inggih kathah sangêt. Dene bab sudanipun wau manawi jalaran pancèn saking mêdhot, inggih malah sukur.

Ministêr sajawining praja Jêpan. Wontên pawartos, benjing tanggal 8 wulan punika ing Makasar badhe kadhatêngan Tuwan Eugene Pepin, bangsa Prancis ingkang nyambutdamêl wontên kantor Ministêr sajawining praja Jêpan. Dhatêngipun tuwan wau badhe anjajah tanah ngriki, prêlu badhe nyumêrêpi ing bab politiek, bab babagan jaman kina, babad nagari tuwin sanès-sanèsipun, dalah bêksa Jawi punapa.

Têmtunipun tindak kados makatên punika inggih wigatos sangêt.

Nyalingkuhakên arta. Pangadilan Justitie ing Sêmarang mêntas ngrampungi prakawisipun tuwan K tilas boekhouder Rijkskas Surakarta, kaukum 1 taun, kalêpatan nyalingkuhakên arta f 12.000. Tuwan wau dèrèng trimah, lajêng appel dhatêng pangadilan luhur ing Bêtawi, malah kawêwahan dados kaukum 2 taun. Paukuman wau ugi kaanggêp tuwan K mirangakên guprêmèn, awit pancènipun kangge têtuladan wontên karajan Jawi, jêbul malah kados makatên.

Tiyang inggih tiyang, têmtunipun inggih namung awon kaliah sae.

Sinau bêksa Jawi. Wontên wanita bangsa Belgie tuwin bangsa Australie sami dhatêng Ngayogya, prêlu badhe sami sinau bêksa. Wanita kêkalih punika sami juru dhansah misuwur. Wontênipun sami badhe sinau bêksa, saking katarik nalika nyumêrêpi gêbyagan bêksa Jawi. Ing sapunika wanita kêkalih wau angsal wulangan bêksa saking G.P.H. Tedjakoesoema.

Tamtunipun wanita kêkalih wau manawi sampun mumpuni dhatêng bêksa Jawi, wontênipun ngrika kenging kangge sarana pados kasugihan.

Arta kêrtas nyaringgit palsu. Kantor pos ing Surabaya mêntas mrêgoki tiyang ambayar arta kêrtas ringgitan kalih lêmbar palsu. Kêrtas wau ciri A.P.191274 tanggal 1 Mei 1920.

Mugi ingkang sami ngatos-atos.

Lare dèrèng ngumur sami pados padamêlan. Jalaran saking rêkaosipun tiyang pados têdha, ing Cipahit, Priyangan, kathah lare-lare sawêg ngumur 9-10 taun sami pados padamêlan. Manawi dipun takèni, anggènipun pados padamêlan punika trimah watonHalaman selanjutnya tidak ada.

--- [1653] ---

Ôngka 90, 10 Rêjêb Dal 1863, 9 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1413] ---

Ôngka 90, 10 Rêjêb Dal 1863, 9 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Jêbosan ing Nglêbêt Siti - Bab Rumêksanipun Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan - Sampun Tilar Kaprayitnan - Suling tuwin Gêgayutanipun Tumraping Gêndhing Jawi - Turunan Sêrat - Kawontênan ing Bopên Dhigul - Uluk-uluk - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Jêbosan ing Nglêbêt Siti

[Grafik]

[Naskah rusak]

--- 1414 ---

Bab Kasarasan

Bab Rumêksa Kasarasanipun Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan

Sapintên agênging pigunanipun:

I. Toya ngombe ingkang rêsik (botên ngandhut wisa sêsakit)

II. Ngicali utawi ambucal rêrêgêd, uwuh [...]Naskah rusak.

[Grafik]

Kawontênanipun toya.

Toya sagantên, lèpèn, têlaga utawi rawa, lan toya ing panggenan ingkang lêdhok-lêdhok, punika jalaran saking bêntèr, têrusan sagêd nguwab, dados uwab, minggah dhatêng langit, ing nginggil langit kenging dayanipun asrêp, uwab dados mega. Watawis ±12 jam mega wau sagêd dados toya, dhawah dados jawah dumugi ing siti kawastanan toya jawah.

Toya jawah wau saperangan agêng rumêsêp ing lêbêt siti, dados toya ing lêbêt siti, kawastanan grondwater, saperangan toya jawah wau, mili andadosakên lèpèn, anjog sagantên, utawi toya ingkang mandhêg dados têlaga utawi rawa.

Tiyang ingkang dèrèng mangrêtos botên nampik toya, asli saking pundi punika botên dipun manah, kaangge ngombe utawi sanès-sanèsipun. Mila têtiyang wau gêgriya milih ingkang cakêt utawi pinggir lèpèn, cakêt têlaga utawi rawa. Toya lèpèn ingkang dipun angge ngombe tiyang wau asring katingal rêgêd utawi wontên sêsukêr kentir ing toya ingkang sok andadosakên [...]Naskah rusak.

--- 1415 ---

run ngangge toya ingkang rêgêd makatên, kangge ngombe utawi sanèsipun, mila toya ingkang kaangge kêdah rêsik saèstu.

Toya ingkang kangge ngombe kêdah nyêkapi kangge ngombe adus lan umbah-umbah.

I. Toya kêdah rêsik.

II. Kêdah asrêp botên bêntèr.

III. Dipun ombe eca, botên pait, asin utawi sêngak.

IV. Botên kenging wontên wisanipun sêsakit.

Tiyang sagêd ngawontênakên toya:

a. Sarana ngêmpalakên toya jawah.

b. Ngangge toya lèpèn, utawi rawa.

c. Ngêmpalakên toya (grondwater) inggih punika damêl sumur.

Toya ngombe ingkang pikantukipun saking ngêmpalakên toya jawah.

Ingkang limrah sagêdipun ngêmpalakên toya jawah wau, kangge ngombe lan adus, kêdah nadhahi toya jawah saking payon griya, sarana talang utawi pipa ingkang kasambêt kalihan jêdhing utawi bak ingkang agêng sarta wiyar. Ananging ngêmpalakên toya ingkang makatên wau kathah rubedanipun, jalaran saking sabab warni-warni, toya sagêd rêgêd.

Toya ingkang dhawah saking langit, dumuginipun ing siti punika kaetang rêsik, botên ngandhut wisa sêsakit. Beda kalihan toya ingkang pikantukipun nadhahi saking payon griya wau, margi sadèrèngipun dhawah ing payon griya sagêd kenging blêdug, utawi rêrêgêd sanèsipun, godhong garing utawi dlancang rêgêd katut angin, ingkang sagêd tumèmplèk ing ngriku. Manawi toya dhawah ing payon ingkang rêgêd wau, toyanipun inggih rêgêd, mili dhatêng jêdhing kasêbut ing nginggil.

[Grafik]

Toya ing talaga.

Kajawi makatên toya ingkang sampun kêmpal ing jêdhing wau sagêd rêgêd utawi katularan wisa sêsakit, samôngsa toya wau dipun cidhuk mawi cidhuk ingkang sampun rêgêd. Toya ing jêdhing sagêd rêgêd manawi pandamêlipun jêdhing wau wontên ing ngandhap siti utawi papak kalihan siti, lajêng toya saking jawi pundi-pundi ingkang sagêd mili lumêbêt ing jêdhing. Manawi badhe ngicali wisa sêsakit ing toya wau, sagêd kalampahan sarana dipun godhog. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts.

--- 1416 ---

Pawartos Wigatos

Sampun Tilar Kaprayitnan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89.

Kasêbutakên ugi, inggih punika bab pangrêngkuhipun jêmaah kita dhatêng sèhipun tumandukipun sakalangkung ambêndara, sami ajrih-ajrih, katingalipun kadosdene punggawa salah satunggiling pakaryan ingkang taksih alit pangkatipun dhatêng pangagênging pakaryan wau, dados sakalangkung ajrih, ambêndara tuwin sumêlang bilih enggal-enggaling kadhawahan bêbêndunipun. Punapa pangrêngkuh ingkang makatên wau, ugi sampun mêsthinipun yèn katindakakên.

[Grafik]

Mêsjid ing pasareanipun Kangjêng Nabi Muhamad, ing Madinah.

Upami makatêna, punapaa pangrêngkuhing jêmaah Indhi, Mêsri, Mahgrabi, Ajami lan sanès-sanèsipun dhatêng sèhipun têka namung kadosdene dhatêng mutawiph, inggih punika dhatêng juru pitêdah margi (gids), dados kados dhatêng tiyang ingkang kabayar minôngka pituwasing kangelan. Sanès-sanès pangrêngkuh kados botên katingal.

Babarpisan botên mrêlokakên ambêkta angsal-angsal ingkang kangge anyênêngakên manahipun sèh, lan ugi botên melik supados kaalêm tuwin kagunggung, ananging sumêrêp yèn dhatêngipun wau murakabi dhatêng pribumi. Lan malih jêmaah kaji saking môncanagari wau tansah prayitna ing tindak-tanduk, waspada yèn ing pundia panggenan pambujuk tuwin apus-apus punika têmtu wontênipun.

Bilih jêmaah tanah ngriki, kajawi bab angsal-angsal wau, inggih punika ingkang kasêbut hadhiyah, sawênèh wontên ingkang mrêlok-mrêlokakên, salêbêting lêrêb ing ngrika, upami sumêrêp yèn kamaripun sèh ingkang kangge anampi tamu pinuju rêgêd, tanpa kaêtag lajêng tumandang angrêsiki. Yèn wontên tamu, enggal-enggal anggènipun andamêlakên wedang, lan sasampunipun tamu wangsul, ugi botên kasupèn angundur-undurakên cangkir-cangkiripun.

Sampun têmtu kemawon, sarèhning jêmaahipun piyambak ngawontênakên patrap makatên wau, khadam inggih punika rencang-rencanging sèh, ingkang mêsthinipun [mê...]

--- 1417 ---

[...sthinipun] ing kalamôngsa kêdah anulung utawi kaparentah dening jêmaah, lajêng santun tanaga adamêl sungsang bawana balik, têgêsipun lajêng... mêthangkring.

Bilih botên lêpat sarta kados ugi dhawuhipun satunggiling priyagung Jawi bôngsa luhur, yèn andhap asor, enggal-enggal rêntah ingkang kawêlasan tuwin sabar anrimah punika kalêbêt dados wêwatêkaning bôngsa Jawi, ananging sanajana kataman ing apus-apus, pêdhês tuwin pêrih, prayoginipun anglênggêm kemawon, punapa punika inggih andhèrèk dados dhasaring watak. Sanadyana tumandukipun sadaya-sadaya ing ngrika wau lumintunipun kadugi sampun makina-kina, punapa ugi botên badhe ewah gingsir.

Pramila wosing karangan punika botên sanès anyarambahana prayitnaning sadhengaha ingkang panuju tinêngga ing bêgja, sami kuwagang anêtêpi rukuning Islam, mugi-mugi wiwit jêdhulipun saking griya sagêda sampun awas dhatêng tumanjaning arta sangunipun, sampun age-age ucul buntêlanipun. Lan malih angèngêtana, yèn ing wêkdal punika jamanipun sakalangkung rumpil, ing pundia panggenan kemawon ewon-ewon ingkang sami kèwêdan kangge anêdha tuwuk dalah nyandhang sapantêsipun. Sarta malih wontêning arta ngantos anyêkapi kangge sêjarah wau, asilipun kadugi botên sanès kêdah sarana linambaran adus kringêt rumiyin.

Minôngka panutuping karangan punika, lan ugi amangsuli kados ingkang sampun kapacak ing kalawarti Kajawèn nomêr 25, inggih punika bab: takiyah: gadhahanipun bongsa Mêsri, kasêbutakên ngantos ing dintênipun punika widada kawontênanipun, saha miturut pakabaran, gunggunging jêmaah bôngsa ngriki ingkang tumut anêdha pitulunganipun mèh kalih ewonan. Punapa cacah samantên wau kapetang cacah jiwa, punapa gunggunging marambah ing panêdhanipun pitulungan, botên kasêbutakên.

Kawartosakên ugi, mênggah kathahing jêmaah ingkang sami dhatêng ing Ejas ing taun ingkang sampun-sampun ingkang kathah piyambak saking jajahan Walandi ngriki. Bilih botên lêpat ing taun ingkang kapêngkêr punika ingkang onjo saking Indhiya Inggris. Dene cacahing jêmaah saking ngriki kirang langkungipun ing taun punika namung kawan èwu kawan atusan, dados bilih katimbang kalihan ing taun 1931 dhawah saprasakawanipun.

Bab suda lumungsuring jêmaah ingkang sami dhatêng wau, kadugi botên sanès jalaran ginèndèng saking angèling jamanipun ing wêkdal punika.

Kula pun Nik.

--- 1418 ---

Kagunan Jawi

Suling tuwin Gêgayutanipun Tumraping Gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89.

Kados upaminipun wilahaning gambang poncot, wontên ingkang ngangkani 1, wontên ingkang ngangkani 6 utawi sanès-sanèsipun, punika harak damêl pakèwêd. Awit saking punika kula lajêng mêndhêt pakêm saking Madura, sabab ing ngriku kula satitèkakên kathah ingkang naluri kina, dèrèng patos rêmên gagrag-gagrag enggal. Ing ngriku anggènipun ngurutakên kados ing ngandhap punika: (mêndhêt gambang salendro).

Ha. Wilahan ôngka 1, poncot kiwa piyambak, dipun namakakên raja. Kêcapipun: rajê, têgêsipun gêdhe, cocog dhatêng kaanan, dados inggih wilahan wau ingkang baku nama: panunggul, mênggahing ngriki.

Na. Wilahan ôngka 2, tênggoh kêcapipun: tênggok, kintên kula: tênggak mênggahing ngriki, utawi gulu, punika mathuk malih dhatêng kaanan.

Ca. Wilahan ôngka 3, lema, kêcapipun lemah. Ing ngriki inggih wontên nama wilahan 5, punika mirid pakêm Madura botên atêgês nomêr 5, malah ôngka 3, ewadene suraosipun lêrês dipun wastani 5, sabab dados adêging 5 swara ing wilahan, kanyatan ngapit 2 sisih (kiwanipun 2 têngênipun ugi 2), cêkakipun ingkang andumadosakên 5 swara. Nadyan kados makatên, kintên kula botên lêpat.

Ra. Wilahan ôngka 4, barang. Ing ngriki ugi wontên nama: barang, manawi kapara lêrês sabab saking kêlanturipun têmbung: barung, inggih mathuk, nanging ingkang wèntèh ingkang kêmpyangan sami kêmpyangan, cêkakipun wilah ôngka 6 (dados panunggul ugi) sagêd jumbuh (ambarung) wilahan ôngka 9 (kêmpyanganipun wilahan baku ôngka 4) dados wontênipun linta-lintu, wilah panunggul winastan: barang, kintên kula saking punika wau, ewadene nitik wujud ôngka 4 ingkang dêlês barang.

Ka. Wilahan ôngka 5 mêthit (manis). Ing ngriki wontên sêsêbutan manis, inggih kêdah wilah wau, manawi mirid pakêm Madura mêthit, atêgês: mucuk nyata, amargi candhakipun ôngka 6 sampun wangsul panunggul (dumunung kêmpyangipun) saha sapiturutipun, ngantos nyarambahi 3 Oetaaf, punika lajêng sakeca kangge gêndhing, bêbasan sak gêndhinge, têmtu sagêd kemawon, awit sampun jangkêp.

Sapunika pamanggih kula piyambak, nadyan sampun cêtha baku namung 5 swara, liripun tiyang nêmbang punapadene damêl parikan, ubang-ubêng inggih saking 5 swara kemawon, ewadene nyatanipun gêndhing (parikan) dhawahipun saagêng-agêngipun namung kiyat dhawah ing wilah ôngka 3 (gangsal) mandhap malih kagol, inggih ugi sagêd, namung pêksan-pêksan, botên sakeca dipun mirêngakên, tur dene [de...]

--- 1419 ---

[...ne] ingkang nêmbang inggih botên dumugi swantênipun. Manawi badhe nyatakakên kaparênga nyandhing gambang, matah niyaga damêl uluk-uluk (suluk) saking wilahan ôngka 2 (tênggak) upaminipun nêmbang dhandhanggula, kula tanggêl moponipun, tur inggih botên sakeca dipun mirêngakên, liripun agênging swara glogor-glogor, ngêlikipun lajêng kêmèng, dados nadyan bukanipun kenging winastan agêng, ananging ugi kenging winastan alit, awit andhêg-andhêgipun wontên ing wilah 5, winastan pathêt 6 sabab tumrap poncot agênging swara dumunungipun dhatêng parikan namung wontên wilah 5, awit saking punika pamêndhêtipun larasan êgong kêdah wilah salah satunggilipun, utawi kalih swara kadadosakên satunggal, punika lajêng sagêd angganjur, tur dene: ngombak banyu, punika dados lêganing manahipun tiyang ingkang ngêmatakên bêksa, sabab andhawahakên suku (ing gong) sakeca.

Dados wontênipun pathêt 6 botên guru wilahan swara, ananging ôngka wilahan, makatên ugi pathêt 6 ugi guru wilahan ôngka, punika (êgong) pamathêtipun wilahan barang. Kakangipun punika pathêtan wontên ing wilahan manis, lajêng botên wontên malih. Sabab wangsul panunggul, lan sampun kacariyos botên gaduk, botên lêrês, ugi nama risak. Inggih laras pathêt manis wau ingkang kawastanan pathêt manyura, punika mathuk, dados saking keratan manyura inggih kenging, sabab larasipun baku kêncêng, liripun ingkang anggerong ngantos badêdêngan, nututi dhatêng gêndhing pathêt manyura wau. Dados wontêning pathêtan namung 3 warni, kula mathuk.

[Grafik]

Têtiyang nuju nyuling lan nabuh kêcapi ing Pasundhan.

Mangsuli pandamêlipun suling, punika namung 2 warni, mêndhêt panunggul, utawi tênggak. Punika kantun sakdhanganing panggalih. Pangangkahipun, suling badhe (dèrèng dipun bolongi) manawi kadamu kêdah salaras ungêling wilahan, panglarasipun sêbulan kêncêng kêdah cocog wilahan agêng, dene sêbulan aso, kêdah cocog mêngsah (kêmpyangipun) dados upami mêndhêt laras tênggak, sêbulan kêncêng cocog (laras) wilah ôngka 2, manawi sêbulan aso laras ôngka 7, kados punika othak-athikipun. Samangke kantun ambolongi, punika ancêr-ancêripun maton. Sapalih panjanging suling dados bolongan ôngka 1 nginggil. Pambolongipun sampun wiyar-wiyar, saking pinggiring bolongan kapisan mêndhêt ukuran 3 wiyaring jêmpolanipun piyambak, ing têngah-têngahing pijêtan jêmpolan ingkang [ing...]

--- 1420 ---

[...kang] kaping 3 dhumawah bolongan ôngka 2. Ngukur malih tigang pejetan jêmpolan, dhumawah bolongan ôngka 2, dene ingkang ôngka 4 ugi makatên. Punika sampun dados, ananging punika nama suling slendro. Manawi raosipun kacobi dèrèng runtut kados namung miyari bolong-bolongan wau. Ingkang prêlu suling punika saking wuluh ingkang garing sayêktos, sampun agêng-agêng sabab swantên kirang rênyah. Rèhning wontên gôngsa pelog, dados kêdah wontên suling pelog, manawi kapara wilah panunggul lan tênggak sami, tumrap gôngsa pelog, kantun mêwahi bolongan 2 iji, ing antawisipun 1-2 tuwin 3-4 punika têntu lajêng cocog.

Suraosing andharan kula botên pisan-pisan nyaruwe dhatêng sêrat-sêrat bab gêndhing, barèsipun namung anggogohi tumrap ingkang manjing kawruh wasana sumôngga.

Sumadi (Pangarasan).

Kawruh Sawatawis

Turunan Sêrat Anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89.

[Dhandhanggula]

lama-lama angidham kang èstri / arsa gadhung lawan jangan gudhang / têka lum mara atine / pan sampun mêpak kayun / bobot sampun sêmaya sasi / jabang bayi gya babar / binêkta malêncut / rinapu mêksa mrêkatak / duk tumungkul cêmèthèt kêndêl kang ati / mêmpêng kuning rêmêgan //

ing punika kakung angidêri / srênggaranipun aragan-ragan / ing jagad pilih tandhinge / singa wong dulu lulut / jalêr èstri gung alit asih / pilih kang bêtah pisah / mring sang maha wèh kung / kang rama kalangkung suka / sênggak-sênggak kang putra dipun sênggaki / sarwi nabuh kênthongan //

sampun jangkêp ing sêmaya sasi / putranira arsa binarsihan / tinatugêl kêkuncunge / pan sampun mangsanipun / angundhangi santana sami / sarta sêsajènira / kêndhang lawan payung / jalwèstri santana pêpak / duk tinigas asta kiwa ananggapi / sêsukêr ingambilan //

sasampune dènira nugêli / kang kondangan dipun dumi brêkat / samana pêndhak esuke / nulya amudhar gêlung / mayar-mayar nulya angisis / sapundhate hyang arka / binêlah sadalu / tinubruk minggah gulingan / lama-lama kang putra samya garbini / babar kathah warnanya //

warna-warna putranya wêwangi / Ni Srikulon ing nagara Cêmpa / Srikuning wau rowange / Jaka Bonglot tut pungkur / Kyai Dhudha angamplok wuri / sadalan dhêdherekan / arsa atur-atur / nututi Kidang Kancana / Jaka Santri sadalan atuduh margi / salamêt Surabaya //

pêpaèsa dinulu amanis / pantês gêlung dhasar pêpêndhokan / genjah kananga sêkare / pantun mrik sêngkangipun / ulêng-ulêng pari suka prit / cêcundhuk mêmênuran / gandanira arum / wêwêdhak pari cêndhana / Jaka Santri

--- 1421 ---

kapengin dulu Srikuning / arakêt tan senggolan //

ya ta bagus Ki Jaka Pariyi / saba dalan todhège lar bobat / kêtan irêng paningsête / lêmuning sêkaripun / kampuh jingga môngsa angrawit / lancingan sutra abang / kuluk sutra lumbu / anuntun manjangan manglar / papah arèn ingkang kinarya cêmêthi / songsonge andong raras //

nênggih mêmarung Bok Rara Jati / kang dèn wade juwadah gêmpolan / kalawan dangdangan uwèn / bêbêndhan opak lawu / kêtan serang madu kasingi / ni rôndha ing Dhadhapan / ingkang atêtuku / kalawan Bok Rôndha Unthal / sami rèrèn angaup sor waringin /Kurang satu suku kata: sami rèrèn angaup ngisor waringin. eca samya dhadharan //

sêkulipun nênggih sêkul langking / lalabira pantês lêmbayungan / pajangan ulam-ulame / pêpak kang cêmpa wêlut / kêtan gajèh lan gaga gêthik / bêsêngèk kêkontulan / jangan cêmpa lumbu / ing sawusira dhadharan / samya kontap ta talatah kang nagari / Sukanandi ing Jêpang //

sêmar kataluhên tuduh margi / sêdyane arsa anganggas-anggas / aniti ikêtan gudèl / dhudha ngosok andulu / dèn dhèdhèki kongsi anggundhil / kêtingane lumajar / acarub salumbu / Ki Jaka Wulung ambapang / ramening prang angumbuk ingkang pêpati / kasoring kadhudhuhan //

kapalayu sira Cêmpa bali / palayune pan kaserang-serang / Jaka Lêmboso tibane / kabêntus sawang sêrut / nôngka boyo tiba kuwalik / binalang tambak wungkal / kewal dhadhanipun / mêncorot pêpolonira / kêtumbaran ingkang kinarya jêjampi / bêlis lêmpuyang brônta // Badhe kasambêtan.

Têtandhingan numpak balon

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun têtandhingan numpak balon ing kitha Barzel (Zwitserland). Ingkang angsal pris nomêr satunggal, Amerikah.

--- 1422 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Sasampunipun undhang-undhang badhe pilihan pangarsaning rad kampung ingkang dipun jênêngi dening panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso (dados wakiling parentah), rêmbag ing Tanah Merah rame sangêt. Sawênèhing kampung, kajawi sêrat undhang-undhang, ugi andamêl sêrat idêran minôngka kangge nyumêrêpi, sintên ingkang sarujuk utawi botên sarujukipun badhe wontêning pilihan pangarsaning rad kampung ingkang dipun akêni dening parentah. Satunggaling kampung ngawontênakên parêpatan umum angrêmbag purun utawi botênipun angawontênakên pilihan punika. Sawênèh kampung malih satunggal saha satunggalipun golongan angwontênakên sawung. Urut-urutanipun pilihan pangarsaning rad kampung ingkang badhe dipun akêni dening parentah kados ing ngandhap punika:

I. Kampung A.

Rad kampung A sasampunipun tampi dhawuh saking panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso lajêng damêl sêrat idêran, dene suraosipun asuka sumêrêp badhe ngawontênakên parêpatan angrêmbag bab pilihan pangarsa ingkang badhe dipun akêni dening parentah, saha satunggal-satunggaling têtiyang bucalan ingkang sami manggèn ing kampung A dipun purih anêrangakên ing sêrat idêran ngriku sarujuk lan botênipun badhe wontêning pilihan pangarsa rad kampung ingkang dipun akêni dening parentah. Têtiyang bucalan ing kampung punika anggènipun angisèni sêrat idêran punika inggih warni-warni. Kajawi ingkang rujuk inggih wontên ingkang kongongan, tuwin wontên ingkang botên purun angisèni babarpisan, punika têtiyang bucalan ingkang dados golonganipun sadhèrèk Ali Arkam (golongan radhikal utawi golongan baguguk).

Dumugining wêkdal wontênipun parêpatan kampung ingkang dhatêng langkung kathah katimbang ingkang botên purun dhatêng. Ing parêpatan ngriku ingkang dados sawung wontên kalih, inggih punika sadhèrèk Kusna saha sadhèrèk Radèn Mas Gôndayuwana. Ingkang angsal suwantên kathah sadhèrèk Radèn Mas Gôndayuwana, amila sarêng wontênipun ing pamilihan ingkang dipun jênêngi panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso inggih ajêg Radèn Mas Gôndayuwana kemawon ingkang lajêng sagêd dados pangarsa kampung A ingkang dipun akêni dening parentah.

2. Kampung B.

Têtiyangipun bucalan ingkang sami manggèn ing kampung B, anggènipun amilih pangarsaning rad kampung ingkang dipun akêni dening parentah miturut parêpatan kampung sarana sêtèm bilyèt kados pamilihan lid parlêmèn. Caraning pilihan ingkang kados makatên punika langkung sampurna. Dene ingkang sagêd angsal suwantên dados pangarsa rad kampung ingkang

--- 1423 ---

dipun akêni dening parentah punika sadhèrèk Nayohan. Sarêng piyambakipun kasingkirakên dhatêng Gudhang Arêng (saking ngriku kapindhah dhatêng Tanah Tinggi) pangarsa dipun gêntos sadhèrèk Hamit Sutan. Pamilihipun inggih kados ing nginggil.

3. Kampung C saha D.

Kampung kêkalih punika pamilihipun pangarsa ingkang dipun akêni parentah kadosdene papilihipun lurah ing tanah Jawi, dados anggènipun anyawungakên badhe wisudhan pangarsa botên mawi parêpatan kampung rumiyin, namung sagolongan-sagolonganing têtiyang bucalan ingkang manggèn ing kampung angawontênakên rêmbag sintên ingkang pantês kadadosakên pangarsa ingkang badhe dipun akêni dening parentah.

4. Kampung E, F saha G.

Tigang kampung punika pancasaning parêpatan kampung mèh sami kemawon, inggih punika botên sarujuk wontênipun pangarsa rad kampung ingkang dipun akêni dening parentah. Sarujukipun namung angaturakên rad kampung ingkang sampun wontên. Panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso botên karsa anampèni rad kampung ingkang sampun wontên, jalaran botên priksa anggènipun amilih warga pangrèh. Amila ingkang kados makatên punika panjênênganipun amêksa dhatêng para têtiyang bucalan ingkang sami manggèn ing tigang kampung punika kapurih angawontênakên sawung. Dene yèn mêksa botên purun badhe kapadosakên salah satunggiling tiyang bucalan manut sakarsanipun panjênênganipun Kontrolir Monso sarêmbag kalihan panjênênganipun wadana Dhigul.

[Grafik]

Bangsaning tiyang Mambarano, Papuah.

Dhawuh ingkang kados makatên punika botên kagêga dening para têtiyang bucalan ingkang sami manggèn ing tigang kampung punika, amila panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso lajêng dhawuh dhatêng panjênênganipun wadana supados pados tiyang bucalan ingkang kenging pinitados dados pangarsa ingkang dipun akêni. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 1424 ---

Jagading Wanita

Uluk-uluk

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Kala ing dintên Rêbo ingkang kapêngkêr sampun kula aturakên mênggahing pambudidaya kula, murih kula, tiyang èstri, dipun aosi dening tiyang jalêr, inggih punika ingkang kapisan, kula kêdah ambudidaya sagêda tiyang jalêr kraos wontên ing griya.

Ingkang kaping kalih kula kêdah tansah anjagi saening namanipun kônca jalêr.

Mênggah ingkang dipun wastani anjagi saening namanipun tiyang jalêr, punika saupami semah kula nama: Sumantri, botên kok lajêng kula wêling dhatêng tukang, kula purih andamêlakên mèrêk namanipun kônca jalêr kanthi dipun prada sarta dipun cèt sae, o, botên, nanging kula kêdah anjagi sampun ngantos tiyang jalêr angsal kalingsêman, sabab dening kula. Kados ta upaminipun makatên:

Ing dintên Minggu katamuan, saking rahab-rahabipun, punapadene saking sênêng-sênêngipun, kônca jalêr lajêng ngêndhêg dhahar dhatêng tamu wau, sanalika tiyang èstri lajêng prêngut pasang ulat, jalaran ngrumaosi ing wêkdal punika botên gêgadhahan lawuh punapa-punapa. Ingkang makatên punika sayêktosipun adamêl lingsêm tuwin cuwanipun tiyang jalêr, awit tiyang jalêr sampun kalajêng ngêndhêg, ing wusana tiyang èstri ngatingalakên botên rênaning manahipun, sampun têmtu salajêngipun inggih botên ngêmungakên adamêl kêmbanipun tiyang jalêr kemawon, sanadyan pun tamu inggih lajêng botên sênêng manahipun, ingkang têmtunipun lajêng botên purun dipun êndhêg dhahar wau.

Antawisipun para maos sampun tamtu wontên ingkang rêraosan makatên: kuwi salahe wong lanang dhewe, wajibe wong lanang yèn arêp ngêndhêg dhahar tamu, kuwi rak kudu rêmbugan dhisik karo wong wadon, awit rak iya wong wadon ta sing bisa wêruh, apa bisa nyuguh dhahar tamu utawa ora. Sabab mêngkone yèn sing disuguhake katon ora pati bêcik, ora wurung sing dipaido iya wong wadon.

Lêrês, kula botên badhe maibên, bilih tiyang jalêr wajibipun kêdah rêrêmbagan langkung rumiyin kalihan ingkang èstri, manawi badhe ngêndhêg dhahar tamu. Amung kemawon kula tiyang èstri kêdah angèngêti, bilih tiyang jalêr punika botên mêsthi sagêd nyumêrêpi langkung rumiyin punapa tamu badhe dangu utawi botên. Kados ta upaminipun, anggènipun mêrtamu wau ngantos dhawah ing wancinipun dhahar, saupami cara Walandi ambokmanawi sagêd lajêng wicantên dhatêng tamu wau makatên: lênggah rumiyin, kula badhe nêdha. Utawi: sampun dados panggalih, kula botên sagêd manggihi dangu-dangu, sabab kula badhe nêdha. Ananging manawi kangge adat Jawi têmtunipun rak inggih botên mêntala ta ngêdalakên têtêmbungan kados makatên wau.

Kajawi punika, salêrêsipun tiyang botên pêrlu isin kasumêrêpan mênggahing kamlaratanipun, liripun: [lir...]

--- 1425 ---

[...ipun:] botên prêlu isin utawi rikuh, dupèh botên sagêd nyugata tamunipun ingkang kanthi sae, awit rahabing tamu punika salêrêsipun botên mêsthi jalaran saking saening pasugatan, nanging ingkang kathah saking patrap solahipun ingkang gadhah griya. Sanadyan sêgahanipun marik-marik kathik sarwa èdi lan eca, manawi ingkang gadhah griya tansah prêngat-prêngut, utawi botên kanthi lêjaring manahipun, têmtunipun pun tamu inggih malah botên sagêd kalêbêtan punapa-punapa. Kosokwangsulipun, sanadyana sêgahanipun kenging kaparibasakakên namung sêkul kalihan sarêm kemawon, nanging manawi anggènipun nawèkakên kanthi rahab, ambokmanawi anggènipun dhahar pun tamu inggih sagêd ngêthèmêl. Dados saupami sêsêgahipun wau pinuju kalêrês kirang pêpak lawuhanipun, botên dados punapa, asal anggènipun ngujubakên katingal rêsêp. Sanadyan namung makatên, punika inggih sampun nama dados pambudidaya pangrêksanipun dhatêng namaning tiyang jalêr.

Panjagi sanèsipun, murih namanipun tiyang jalêr lêstantun sae, kados ta: kajagia sampun ngantos bêngkrik utawi pasulayan kalihan tôngga têpalih, awit manawi ngantos makatên, botên wande ingkang angsal awon inggih tiyang jalêr. Pandakwanipun tiyang lajêng makatên upaminipun, o, endah-endah wong lanang kuthuk, ngajar bojo bae ora jegos, makatên sapiturutipun. Kados badhe kêkathahên saupami ing ngriki kula jalèntrèhakên sadaya mênggah pambudidayanipun tiyang èstri murih saening namanipun tiyang jalêr. Samangke samantên kemawon rumiyin, sanès dintên badhe kula lajêngakên malih cara pambudidaya kula, murih tiyang jalêr purun angaosi dhatêng badan kula, têgêsipun: botên lajêng tansah sawiyah-wiyah kadosdene ingkang asring dipun sêsorahakên dening sawênèhing wanita wontên ing sangajêngipun tiyang kathah.

[Grafik]

Katêntrêman ing griya.

Badhe kasambêtan.

Wara Suwarsi.

--- 1426 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Badhe ngambah jaman urup-urupan. Ing bawah Mêrtoyudan, Magêlang, têtiyangipun sami kêkirangan arta. Ingriku lajêng tuwuh tindak urup-urupan.

Panêmpuhipun jaman malèsèt saya ngangsêg, arta awisipun kados makatên, dangu-dangu tiyang namung tumindak urup-urupan. Pancènipun sakeca. Nanging sarèhne kabêtahan punika warni-warni, dadosipun inggih ngrêkaos sangêt.

[Grafik]

Tuwan Douglas Fairbanks ngajawi. Kala tanggal 2 wulan punika juru main gambar idhup ingkang misuwur nama Douglas Fairbanks (gambar no. 2 saking têngên), nalika mandhap wontên ing Cililitan) sampun dumugi ing Bêtawi saking Singapura numpak mêsin mabur. Salajêngipun badhe anjajah tanah ngriki. Tuwan wau manawi main lampahan "De drie musketiers" tuwin sanès-sanèsipun.

Kamisuwuraning bangsa ngrika punika saking jalaran warni-warni.

Anduwa pajêg sata. Sudagar sata ing Bandung, ingkang dipun pangarsani Tuwan Ong Tjeng Swie mêntas parêpatan ngrêmbag badhe anduwa tumindaking pajêg sata, sarana badhe damêl sêrat paturan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados nyuwak ordonnantie sata. Ing sapunika sampun ngêdêgakên comite.

Manawi dipun manah, sanadyan panduwa punika limrahipun botên manggih wohipun, nanging wajib dipun tindakakên. Awit punika dados gambaran ingkang nyata tumrap raos kawratanipun ingkang sami kataman.

Kumandhang Rakyat badhe dipun tandangi. Kawartosakên, kalawarti Kumandhang Rakyat badhe dipun tandangi dening Officierenbond, darah Mangkunagaran tuwin sanès-sanèsipun, jalaran ngêwrat karangan dora ingkang damêl kusuding praja Mangkunagaran.

Sêrat kabar kenging prakawis, dipun sêriki tiyang tuwin sanès-sanèsipun, punika limrah. Nanging malah dados kêmbang borèh.

Administrateur pabrik gêndhis ingkang badhe dipun kèndêli. Wontên pawartos, administrateur pabrik gêndhis ing Kêtanggungan, Wanapringgo, Pêterongan tuwin Wilem II, wiwit benjang tanggal 1 Januari sami badhe dipun kèndêli. Pabrik wau sami gadhahanipun Factorij.

Wolak-waliking jaman punika pancèn anggumunakên, sintên ingkang ngintên pabrik gêndhis sagêd tutup. Nanging manawi kêdah makatên, sintên ingkang badhe sagêd nyelaki.

Tatanan blanja ing wulan Januari 1933 dèrèng tumindak. Miturut pawartos, benjing tanggal 1 Januari 1933 ngajêng punika tatanan blanja enggal dèrèng sagêd tumindak, taksih dados rêmbag.

Manawi nyata makatên, inggih sampun damêl ayêm. Kêladuking ginêm, têmtu wontên tiyang ingkang mungêl: "Bok ora sida sisan bae ya, lêganing atiku." Punika rêmbagipun tiyang ngayêmi manahipun piyambak.

Pêngagêng palabuhan grêjêgan kalihan pulisi. Pulisi ing Bêtawi mêntas ambêskup pêthi isi candu pêtêng cacah 700 tail, rêgi f 21.000.- Sumêrêpipun pulisi saking juru sandi. Sarêng pêthi wau kaandhapakên saking baita, dipun êndhêg dening pangagêng palabuhan, amargi pangagêng palabuhan piyambak sampun anggadahi pandugi piyambak, sawêg nyrantosakên badhe nyumêrêpi sintên ingkang gadhah. Nanging pulisi mangsuli manawi anggènipun sumêrêp sampun rumiyin. Bêskupipun candu samantên punika ganjaranipun badhe f 2800.-

Dados grêjêg wau kintên-kintên gadhah kajêng dhatêng kamelikan.

Hotèl Koningsplein badhe kadadosakên kantor. Rumiyin wontên pawartos, hotèl koningsplein badhe karembak, nanging lajêng wontên pawartos malih, tilas hotèl wau badhe kangge kantor guprêmèn.

Punika dados golonganing pangiridan, saupami kêlajêng karembak, têmtu dados ngorod-orod yêktos.

Pitakenan bab panggêsangan. Pawartos ing bab rêmbag kala parêpatan Raad Indie mirunggan, bab mastani gêsanging tiyang cêkap 2 1/2 sèn sadintên, dados pitakenanipun Tuwan Kusumo Utoyo. Pitakenan wau maton, ingkang wosipun angoncèki, arta 2 1/2 sèn nyêkapi kangge nêdha sadintên, punika punapa yêktos.

Sintên ingkang botên nganggêp wigatos rêmbag kados makatên, awit punika atêgês panjang sangêt.

Pajêg pabeyan Tanjungpriok mindhak. Angsal-angsalanipun beya ing Tanjungpriok kala wulan October kapêngkêr wontên f 1.788.000.- Wulanipun Sèptèmbêr f 1.512.000.- Pajêg lêbêting barang Sèptèmbêr wontên f 944.000,- October f 987.000.- Pêpetanganipun mindhak f 43.000.-

Manawi salajêngipun kados makatên, têmtu adamêl ayêm. E, bokmanawi dados ngalamat badhe pulih kados wau-waunipun malih.

Kasrèmpèt kominis. Gêgayutan kalihan kêcêpêngipun Tuwan Jamaludin Tamin sakancanipun wontên ing Singapura, guru sêkolahan Tionghoa ing Batu Bahra dipun suwak hakipun mulang [mu...]

--- 1427 ---

[...lang] salêbêtipun 2 taun, amargi nalika buku-buku pamulangan kapriksa, wontên karangan murid ingkang suraosipun anggayut pulitik ing bab Jêpan ngrêbat Mansyuriê.

Babagan ingkang kados makatên punika pancèn wigatos tumraping pamulangan. Sisip-sêmbiripun inggih kados makatên punika.

Barang-barang gantosan kasade mirah. Ing pagantosan-pagantosan bawah Ngayogya saya malih ing kithanipun Ngayogya, kathah barang bur-buran ingkang taksih bêbrêg wontên parimatan, ngantos wontên tigang ewon barang warni-warni, amargi nalika dipun lelangakên botên sagêd pulih kados pêpetangan. Bab makatên wau wusananipun lajêng kasade mirah-mirahan kemawon.

Lêlampahan kados makatên punika limrah pinanggih wontên ing jaman sapunika, rêrêgèn ingkang sampun mlorod, manawi dipun êntosi pulihipun malih, pinanggihipun malah saya mlorod. Mila kathah among dagang trimah tuna sakêdhik tinimbang saya kathah.

Asistèn wêdana dados padosan. Asistèn wêdana ing Sukaraja, Sukabumi, sakawit pamit dhatêng pangagêng laminipun tigang dintên. Nanging lajêng botên wangsul. Pangagêng ingkang wajib lajêng nindakakên papriksan, sagêd andêngangi, wontên arta dhêndhan f 30.- tuwin arta pajêg tumpakan f 100.- sami dèrèng dipun ladosakên, wusana pinanggih malih wontên arta f 3700.- saking kabudidayan Goalpara, dèrèng kapasrahakên dhatêng Volkscredietbank. Sarêng dipun padosi wontên pawartos, asistèn wêdana wau andhêlik wontên rêdi Buleud, manawi wontên tiyang nêdya nyêpêng badhe dipun sanjata, lajêng wontên kabar malih sapunika sampun wontên Surakarta.

Tiyang ingkang nuju manggih lêlampahan botên sakeca kados makatên punika, paribasan ing jagad sêsak, ananging tiyang sok njarag pados jalaran.

Sudan pènsiun. Ingajêng sampun nate kawartosakên, bilih pènsiun badhe kasuda 10%. Sapunika wontên pawartos malih, sudan wau namung tumrap pènsiun langkungipun saking f 200.-

Pawartos makatên punika sagêd adamêl asrêping manahipun têtiyang ingkang sampun sami dhêg-dhêgan.

Sarêm pêtêng. Pulisi ing Brêbês mêntas nyêpêng tiyang nama H. Kasteri, ing dhusun Sitanggal, jalaran kanggenan sarêm pêtêng 1 pikul.

Mangsa rêrêgèn sarêm mindhak lajêng tuwuh sarêm pêtêng, punika tumrap ingkang wajib, nama satunggaling padamêlan wigatos.

Mloroding barang gantosan. Miturut pawartos, tumrap barang salaka rêrêgèn f 4.- rumiyin manawi kagantosakên tapsiranipun sagêd f 3.20, nanging sapunika namung f 0.40. Kapetang 1 gram namung 1 sèn.

Wadhuh tiyang anggantosakên wontên ing jaman sapunika manggih ngrêkaos yêktos.

Sêdhah dados panulak ama. Kabudidayan mrica Sumbêrdurèn, Malang, mêntas nyumêrêpi pasitèn 100 bau ingkang klèntu dipun tanêmi sêdhah. Nanging sarêng kanyatakakên, sêdhah wau sagêd dados panulaking ama sêsakit tanêman mrica.

Punika satunggiling sarana ingkang botên kanyana-nyana. Dados sêdhah punika pancèn nyata kêdah kêcakêt kalihan tiyang.

Rajapêjah ing Bêtawi. Kala dintên Jumuah kapêngkêr, wanci enjing, Nyonyah Rijkhof ing Museumlaan pinanggih pêjah jalaran dipun cidra tiyang, tatu ing wêtêng. Dakwa taksih pêtêng.

Prakawis agêng punika mugi tumuntêna angsal katrangan padhang.

Kaukum jalaran dados saksi palsu. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas mriksa prakawisipun pasakitan Martêm lan Mastaka, kadakwa dados saksi palsu ing bab prakawisipun pasakitan tilas wadana Sindang sakancanipun. Jalaran sami ngakên, pasakitan namung sami kaukum mitung wulan.

Manawi pinanggih wontên prakawis kados makatên punika, lajêng nuwuhakên gagasan bilih anggènipun sami kalêpatan wau botên sanès ing sakawit namung saking ajrih, dening nêksèni prakawising pangagêng. Botên sumêrêp manawi ing wingking katiwasan piyambak.

Nyobi jampi enggal. Wontên kabar doktêr pambantu ing pamulangan luhur doktêr ing Bêtawi têtiga, sami sakit jalaran nyobi jampi enggal bangsaning suntik. Nanging lajêng saras.

Samantên awratipun tiyang nindakakên wajib, wontên kalamangsanipun purun abêbantên badan, ingkang prêlu kangge nyampurnakakên kawruh. Nanging pinanggihipun lajêng dados utami.

ASIA.

Arab têmpuh kalihan Yahudi. Ing Jeruzalem pinanggih wontên pasulayanipun bangsa Arab kalihan Yahudi. Pangajêng-pangajêng bangsa Arab suka prentah dhatêng têtiyang Arab supados sami mogok. Pulisi lajêng nindakakên pajagèn, angawisi sawarnining tiyang ambêkta dêdamêl wontên ing margi-margi utawi wontên parêpatan. Pulisi gadhah pandakwa, tuwuhing ebah-ebahan punika jalaran saking pandamêlipun tiyang ingkang sarana nyêbarakên sêrat sêbaran.

EUROPA.

[Grafik]

Bêbaya prahara ing Prancis. Kawartosakên ing laladan Prancis mêntas wontên prahara. Wontên griya-griya atusan sami ambruk. Inginggil punika gambaripun pasisir St. Maxime ingkang mêntas katêmpuh ing prahara.

Mêsin mabur rikat sangêt. Mêsin mabur militèr Inggris nama Fairy Firefly ing sajagad pinanggih ingkang rikat piymbak.piyambak. Mêsin wau namung dipun tumpaki tiyang 1. Mêntas dipun pitongtonakên wontên ing tentunstelling panggêgana ing Paris. Mêsin wau rikating lampahipun ing 1 mênit 4 mil, ugi anggadhahi pirantos sagêd ngêmudhèni piyambak.

--- 1428 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

57.

Tuwan Sumarta mangsuli: Matura mênyang tuwan lan nyonyah, aku ngêlu, ora arêp mêtu saka kamar. Yèn mêngko jam wolu krasa ènthèng, iya andhèrèk dhahar, yèn ora, ora usah diêntèni.

Inggih prayogi.

Tuwan Sumarta taksih anglajêngakên lumah-lumah kemawon, dilah sampun dipun pêjahi. Raosing manahipun Tuwan Sumarta kala punika namung tansah èngêt dhatêng nagari wutah rahipun, môngka mênggahing sajatosipun, piyambakipun sampun botên kraos, ewadene têka tansah kèngêtan kemawon.

Sarêng jam wolu, jongos thothok-thothok lawang malih tuwin pitakèn: Nyonyah pitakèn, punapa panjênêngan dhahar ing kamar kemawon.

Tuwan Sumarta: Ora jongos, matura mênyang nyonyah lan tuwan, aku ora bisa andhèrèk dhahar. Sirahku ngêlu bangêt, ora usah dikirimi apa-apa.

Sarêng jam sanga, tuwan ingkang gadhah griya thothok-thothok lawang lajêng mlêbêt, saha lajêng mutêr dilah. Tuwan wau ambêkta gêbyas alit isi aspirin, sasampunipun dipun cêmplungakên ing gêlas saha dipun soki toya, lajêng mara ambiyak kêlambu kalihan wicantên: Gilo aspirin, ombenên Wim.

Tuwan Sumarta tangi kalihan nampèni gêlas tuwin mungêl tarima kasih, lajêng dipun ombe, wusana ngacarani ingkang gadhah griya, kapurih lênggah. Tuwan ingkang gadhah griya lajêng mapan lênggah kalihan mandêng dhatêng Tuwan Sumarta.

Tuwan Sumarta lajêng wicantên: Kowe iku mitraku têmênan, Pit.

Tuwan Pit mangsuli: Bênêr, nanging ngèlingana yèn aku iki duwe bojo.

Bab kuwi tak èlingi bangêt. Tumrape ana ing omah, panguwasane wong wadon ngungkuli wong lanang, dadi mêsthine ora ana rekadayamu kang bisa gawe sênênging atiku ana ing omah kene. Satêmêne atiku rada krasa, sabênêre apa ta dosaku mênyang bojomu Pit.

Yèn saka panyawangku, kowe ora duwe kaluputan apa-apa. Kowe iku wong pangajaran, wêruh marang kasusilan, pasrawunganmu bêcik.

Nanging bojomu ketok ora sarju karo aku. Kuwi sababe apa.

O, iya Wim, satêmêne ing bab kuwi ora cukup tak têrangake kalawan cêkakan. Nanging mêsthine kowe ngrêti, yèn rasaning manungsa iku angèl bangêt diowahi. Sanadyan upamane ana wong ora kaluputan apa-apa, nanging yèn wong liya ora sênêng karo wong mau, iya têtêp anggone ora sênêng. Dene yèn ditakoni sababe, mung mangsuli êmbuh, jalaran saka ora sênêng mau. Rasa kang kaya mangkono mau kowe kudu ngrêti dhewe.

Aku wis ngrumasani kaluputan mênyang kowe utawa mênyang nyonyahmu, lan mênyang sapa bae.

Wim, tumrap aku sakarongron, kowe ora kaluputan apa-apa. Bokmanawa mênyang wong liya.

Mênyang sapa.

Ya êmbuh, bab kuwi eling-elingên dhewe. Tumrapa aku pakewuh bangêt angrasani kabutuhaning liyan, lan prêlune apa aku milu ngêmori rêmbug. Mêsthine kowe dhewe wis pitaya mênyang têmêne kandhaku, tandhane aku gêlêm kanggonan kowe, lan têtêp anggonku mêmitran.

Tuwan Sumarta lajêng kèndêl kados anggagas-gagas, wusana wicantên: O, Pit, ing saiki aku ngrasa, anane awakku tinêmu kaya mangkene iki, jalarane mêsthi ing bab gêgayutane prakaraku lan bojoku. Kang tinêmune anatoni atine bojomu, dening kadunungan rasa pamurina.

Nah, kowe wis prasaja dhewe. Ing saiki aku tak kôndha, kang ora bakal ngiloni kana-kene, awit aku ora mêngku pakolèh mênyang sapa-sapa. Mungguh panêmune bojoku, kang cocog karo panimbange wong akèh, kowe dianggêp dosa gêdhe mênyang bojomu. Ya iku kang anjalari gêthinge bojoku mênyang kowe.

Mirêng têmbung kados makatên punika, Tuwan Sumarta katingal anjênggirat, lajêng mandhap saking patilêman kalihan wicantên sêru: Wong liya aja ngêmori prakaraku.

Aja sêru-sêru Wim, yèn bojoku krungu rêmbug bab iki mêsthi banjur nrambul, lan tinêmune aku kang susah. Linggiha, atimu têntrêmna, ombènana banyu manèh ta, mêngko rêmbugan kang sarèh. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 93, 20 Rêjêp Dal 1863, 19 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1461] ---

Ôngka 93, 20 Rêjêb Dal 1863, 19 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Ewah-ewahaning Balônja - Bab Rumêksa Kasarasaning Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan - Greja - Turunan Sêrat - Adat Cara ingkang Anggumujêngakên - Adpêrtènsi - Sampun Dados Tatacara - Lairipun Rugi, Nanging ing Batos Bathi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Sinom]

wus lumrahe para mudha / dhêmêne mung mêmancahi / tan kêna barang kumlebat / janji nora dèn sênêngi / banjur muni ngêcuwis / kabèh unine mung ngrêmuk / dene lamun uninga / sabarang kang dèn sênêngi / sanalika tan pêgat ingalêmbana //

nora nganggo subasita / nalare pilêrên gêring / têgêse nir kasujanan / têtela budine nisthip / mung asor dèn karêmi / beda karo kang wis tutug / mangan lombok myang uyah / wirang nglakonana nisthip / sari ratri angandhut tyas kasujanan //

kabèh kanthi duga-duga / nora anggêr bisa muni / toging ngêndon andaleya / iku sinirik tan apti / yèn nuju anyipati / barang apa kang kadulu / sawuse winêruhan / nora ge-age maoni / sumêlange lamun kongsi tundha bima //

bok katitik budi rucah / ina dènira dumadi / kêplase tekad mangkana / wajibing janma marsudi / bêbudèn kang utami / mangun mangunah mrih pundhuh / pindha watêking kisma / mung manggung wèh dana mintir / para umat kabèh samya kasawaban //

brêkahe sang bumintara / karya slamêt amênuhi / tangèh tumêkaèng kana / yèn jamake pra taruni / lagi budine rêsik / iku wus arang tinêmu / kang tinêmu samangkya / mung kêpengin dèn arani / jêmpolaning satriya Indhonesiah //

aja padha duwe tekad / lan lagean ora apik / mundhak marahi duraka / bêcike manungsa iki / kudu bisa ngenaki / marang sasamining mahluk / ujarmu rungkêbana / sanadyan têkaning pati / patinira iku cinadhang ing swarga //

--- 1462 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Ewah-ewahaning Balônja

III

Garèng : Ambanjurake rêmbuge ing ngarêp, Truk, lagi anu aku rak wis kôndha, yèn astèndana klas 200 gelo, kuwi saka anggone daya-daya kêpengin supaya anake têlu bisaa olèh pangajaran sing pêng-pêngan, yaiku kanggone saiki pangajaran kulonan, nganti anggone mêthongsot dadi ratuning ondêr dhistrik, mung narima migunakake sangune cagak urip 110 rupiyah. Iki, Truk, durung kêpetung dhuwit pulisi, sing tak gawe sathithik rata-rata sêsasine mêksa ana f 10.-

[Grafik]

Petruk : Wiyah, Kang Garèng, dhuwit pulisi kuwi ora kêna mèlu dipetung, awit mêngkone rak dibalèkake...

Garèng : E, Truk, kowe aja lali: dara astèndana kuwi priyayi, mêsthi gêdhe lingsême, hla nèk olèh prakara, iya wani nyuwun baline dhuwit, nanging nèk ora olèh...

Petruk : Dadi iki rak salahe dhewe, ta, kêbangêtên anggone adol pak wira. Wong wis gênah ana pranatan bisa olèh balèn dhuwit sing dipigunakake kanggo kaprêluan kapolisèn, lumuh anjaluk, bonggane dhewe.

Garèng : O, wong endah-endah dudu priyayi, iya ora ngrêti nyang watak-wataking priyayi, nèk jênêng priyayi kuwi, wah, gilapên bangêt nyang têmbung: dipaido. Aja manèh nganti dipaido, lagi dingêndikani pandhuwuran mangkene bae: zeg, assistent, ada banjak ini wang poelisi, lo, kuwi jarene raine rasane kaya disuwèk-suwèka. Mulane sing akèh-akèh dhuwit pulisi mau iya banjur dianggêp kayadene dhuwit sêdhêkah bae, têgêse: dhuwit wis ilang. Hara, kêkèrène

--- 1463 ---

pira saiki, apa ora mung kèri f 110.- - f 20.- = f 90.-, iki durung kêpetung dhuwit sing kanggo nêtêpi prajane, saupama sêsasine iki tak gawe f 30-...

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, aku tak takon, kanggo anêtêpi prajane têka kok kandhakake kudu ngêtokake sêsasine f 30- lo, iki kanggo sing kêpriye...

Garèng : O, wong kowe biyèn anggone dadi priyayi dhuwur-dhuwure mung têkan kawêdanan, yaiku dadi... tahanan, mulane iya ora wêruh kang diarani prajaning priyayi. Ngrêtia, Truk, wong dadi priyayi, apa manèh astèndana, kuwi kêrêp diaturi jagong mrana-mrene, hla, kuwi nèk arêp nêtêpi prajane, ora pisan-pisan kêna nolak manawa diaturi... pat-patan upamane.

Petruk : Lo, lo, lo, Kang Garèng, kiyi rak dadi larangane nagara, kaya-kaya dhèk biyèn rak wis ana sirkulèr saka pandhuwuran sing nglarang bab mêngkono-mêngkono kuwi.

Garèng : Sing dilarangi kuwi rak bab ngabotohan, sing sok nganti lali banjur notohake blanjane juru tulise lan upase kae. Balik kiyi jênênge rak kêsukan, têgêse: mung kanggo sênêng-sênêng bae, mulane bêgrotênge sêsasine mung tak gawe f 30.-, hara, pikirên, Truk, kèri pira saikine, apa ora mung kèri f 90.- f 30 = f 60.-, durung bêgrotênge kanggo apês ambalêbês jaran loro, iki tak gawe sêthithik f 10.- lan aja lali dhuwit tamu, wong iya cilik-cilik dadi malaekate ondêr dhistrik, têmtune tamune iya ambrubul, saupama kiyi tak gawe sêsasine f 20.-, hara, sing kanggo pêthenthengan urip dadi bêndara asistèn apa ora mung f 60.- f 10.- f 20.= f 30.-

Petruk : Aku iya ngandêl mungguh tumrape asistèn wadana, nanging rak ora kanggo priyayi Jawa umume, têgêse ora kanggo punggawaning nagara kang kagolong sêkal A umume.

Garèng : Iki aku malah anjupuk golongan sêkal A sing wis rada pantês balanjane, ewasamono, saka anggone daya-daya supaya anake bisa olèh pangajaran sing pêng-pêngan, mêksa wis kobol-kobol, apa manèh sing kagolong ing sêkal A sangisore, dadi kayadene pangkat: mantri kabupatèn, mantri pulisi, mantri buk odhêr, mantri ukur, mantri lêmut, mantri plik-plikêr, cêkake kabèh sing kalêbu pangkat mantri, mêsthi iya saya rê... muk, malah luwih-luwih mêngkurêp kêndhile ajêgan tumrap punggawa-punggawa sêkal A sing sangisore manèh, yaiku bangsane dara carik-carik kae. Ing môngka, ora prêduli anak astèndana, utawa anak carik, kuwi bayarane sêkolah utawa pondhokan bocah, prasasat ora ana bedane, ewasamono sanadyan dilakoni pati gêni ajêgan, mêksa ditrajang. Lo, samono pambudine para punggawaning nagara sêkal A supaya anake bisa olèh wulangan kulonan. Dadi sêsorahe salah sijine warga I.E.V. sing sajak duwe maksud, yèn mung bangsane dhewe kang ngudi kawruh lan bêbudèn kulonan, kuwi kliru bênggala,

--- 1464 ---

awit uga bangsane dhewe ngudi mêngkono, nganti dilakoni nêkêk gulu têmênan.

Petruk : Wis, wis, rungokna Kang Garèng, tak banjurne sêsorahe warga I.E.V. sing mèlu-mèlu mrotès mau. Jarene: para Walônda pranakan kuwi salawase rak tansah tuhu sêtiya nyang nagara...

Garèng : Aku iya ngandêl, Truk, pancèn iya wis wajibe mêngkono. Ora, Truk, aku tak nyêlani sathithik. Aku kiyi sok gumun nèk ngrasakake anakmu Si Kamprèt kae, yèn wis ngomongake kowe, wah, iya kêtara bangêt yèn gêdhe atine, pêthunthung, lan pêthenthengan bangêt, katon bangêt, yèn Kamprèt kuwi nyang bapake trêsna lan mituhu bangêt. Emane, Truk, nyang biyunge têka le sok ora mrêduli, sok ora gêlêm ngaruhake, apa manèh yèn karo sanak sadulure biyunge, sajake banjur kaya: tidhak mau tau sêbêlah matah babarpisan. Mulane ponak-ponakane bojomu, sêngite nyang Kamprèt iya nganti andalit bangêt. Kira-kiraku ing besuk manawa Si Kamprèt wis kelingan, banjur niyate arêp ngumpuli karo sanak sadulure sing saka biyunge, bisa uga mung diêmprêti bae.

Petruk : Nalikane isih cilik anggonku mulang nyang Kamprèt supaya trêsna nyang biyunge iya tanpa ana kêndhate, dene saiki wis gêdhe tuwa dhewe, mêksa ora dhêmên bae, kuwi aku ora arêp mèlu-mèlu manèh, cikbèn ing besuk dirasakake dhewe. Yah, yah, Kang Garèng, wong kenene lagi ngrêmbug prakara protèse I.E.V. kok banjur nyandhak ing bab bêbudène Kamprèt. Sabanjure warga I.E.V. mau banjur ngandhakake, yèn sêkal B sida diundurake nyang sêkal A. Ing wusana wis mêsthi yèn para Walônda-Walônda pranakan ora bakal bisa kêconggah manèh nênuntun anak-anake mênyang kawruh kulonan, sabab saka mundure pamêtune kuwi.

Garèng : Nèk kanggone wong Jawa, Truk, wis biyèn-biyèn le ora kêconggah kuwi, ewasamono iya mêksa dikêconggah-kêconggahake, sanadyan nganti dilakoni tarethekan, awit sing sapa kêpengin anggayuh mênyang kaluhuran, iya kudu wani lara. Rak iya mêngkono, ta, Truk. Wis, wis, rêmbuge dilèrèni samene bae dhisik.

Buku Babaran Enggal

Bale Pustaka mêntas ambabar buku waosan lare ingkang sakalangkung nêngsêmakên:

1. Si Kênthus, jilid I. Serie no. 282, aksara Latin 61 kaca, rinêngga ing gambar kathah. Isi dongèng lêlampahaning angkrok sagêd tata janma, dêdongenganipun lucu, ngêmu piwulang. Rêgi f 0.40.

2. Rasasmita Serie no. 992 aksara Latin 76 kaca. Isi dêdongenan gêgambaranipun lare alit ngantonngantos. dumugining diwasa, ngatingalakên kadadosaning lare wêkêl kalihan kêsèd, rêgi f 0.30.

3. Pak Punuk Serie no. 1040 aksara Latin, mawi sêkar, 24 kaca. Isi dêdongengan ingkang sarwa adamêl gujêng. Rêgi f 0.12.

4. Ngêdol maratuwa Serie no. 1031, aksara Latin 61 kaca, rinêngga ing gambar. Sêrat punika dêdongenganipun lucu, sagêd dados pangimuring manah pêpêt, nyênêngakên lare, rêgi f 0.25.

--- 1465 ---

Bab Kasarasan

Bab Rumêksa Kasarasanipun Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 92.

Toya ingkang kasaring wontên ing jêdhing saringan pasir lan krikil wau, sasampunipun rumêsêp ing pasir lajêng rêrêgêding toya ingkang kantun utawi tumèmplèk ing sêla-sêlanipun pasir, lajêng sagêd dados kadosdene kêndhangan ingkang alus lan tipis sangêt. Ing kêndhangan wau manut papriksanipun para dhoktêr ingkang ahli, kathah sangêt kruma utawi lêlêmbat asli saking kewan alit-alit, utawi têtuwuhan bangsaning lumut, inggih punika ingkang sagêd nanggulangi wisa sêsakit ingkang wontên ing toya wau, mila toya ingkang sampun kasaring punika dados tawar, rêsik botên wontên wisanipun sêsakit. Toya ingkang sampun kasaring wau dipun ilèkakên dhatêng jêdhing ingkang langkung agêng, namanipun reinwaterbak, saking ngriku toya dipun pompa manginggil dhatêng jêdhing ingkang kintên-kintên 10 m inggilipun (watertoren). Toya ing watertoren wau dipun jagi sarana pipa-pipa ingkang sambêt kalihan griya-griya ing kitha ingkang sampun majêg (abonnement).

Sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika, suraosipun gampil nyaring toya ingkang makatên wau, ananging manawi tiyang limrah ingkang nindakakên padamêlan wau, inggih botên sagêd kadadosan ingkang sae utawi sampurna. Mila kêdah Ingenieur ingkang sampun ahli ingkang sagêd nandangi bab punika. Manut ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, manawi kapêksa botên wontên toya sanès, kajawi toya lèpèn wau kaangge ngombe:

I. Cêkap toya wau dipun saring mawi saringan koolfilter, sasampunipun toya kasaring lajêng dipun godhog, dipun simpên ing gêndul ingkang rêsik, mawi tutup ingkang rapêt.

II. Toya lèpèn kangge adus cêkap dipun tawar mawi prusi.

Ngawontênakên toya ngombe sarana damêl sumur (grondwater).

Toya jawah ingkang rumêsêp ing siti, têrus amblês dumugi sap-sapan siti ingkang rapêt, toya botên patos sagêd lajêng amblês, dados mandhêg ing ngriku. Toya ingkang mandhêg utawi kèndêl wau dipun wastani (grondwater), lampahipun utawi rumêsêpipun toya saking nginggil siti, dumugi ing sap-sapan siti lêmpung ingkang atos (rapêt) manawi langkung lêbêt, toyanipun inggih langkung sae lan rêsik, awit toya punika prasasat dipun saring. Manawi saringanipun langkung kandêl lan lêbêt, pikantukipun toya inggih langkung dangu lan rêsik. Mila toya ingkang mêdalipun saking sumur ingkang lêbêt, toya wau awis ngandhut wisa sêsakit. Manawi langkung lêbêt malih, saking sumur bur, toya tanpa wisa sêsakit.

Ing lêbêt siti punika sap-sapan siti ingkang lêmpung [lê...]

--- 1466 ---

[...mpung] rapêt wau wontên kalih tigang sap utawi langkung, dados toya ingkang wontên ing ngandhap sap I, dipun apit siti sap 1 lan 2. Toya ingkang ngandhap siti sap 2 dipun apit siti sap 2 lan 3 salajêngipun. Toya ing sap-sapan ing nglêbêt siti wau gandhèng kalihan toya ingkang dhatêng saking sap-sapan siti têbih, mila ing ngandhap utawi ing nglêbêt siti, punika wontên toya ingkang dhatêng utawi mili saking pundi-pundi. Trêkadhang toya ingkang gandhèng wau dhatêng utawi mili saking papan sap-sapan siti ingkang langkung inggil. Mila yèn tiyang damêl sumur bur, samôngsa pipa sampun amblês, dumugi utawi anggêpok toya ing papan sap-sapan siti ingkang lêdhok utawi andhap, toyanipun mêdal ing pipa muncrat manginggil kadèsdenekadosdene. toya mêdal saking fontain, toya umbul. Kadosdene kalampahipun tiyang damêl sumur bur (artesische put) pipa ingkang dipun blêsakên ing siti sasampunipun anggêpok utawi dumugi ing papan toya ing sap-sapan siti wau, toya lajêng mêdal utawi muncrat ing pipa manginggil. Rèhning toya (artesisch water) wau mêdalipun saking nglêbêt siti ingkang lêbêt sangêt, watawis 50 m. utawi langkung, mila toya wau rêsik saèstu, botên ngandhut wisa sêsakit, awit toya punika wontên ing sap-sapan ingkang lêbêt, botên sagêd katutan utawi kamoran rêrêgêd saking jawi nginggil siti.

[Grafik]

Sumur bur, pipa kaamblêsakên ing nglêbêt siti.

Artesisch water punika rèhning wêdalipun saking nglêbêt utawi ngandhap siti, asring bêntèr, saha sok kamomoran walirang, tosan, utawi dat-dat sanès, ingkang wontên ing nglêbêt siti wau, mila asring toya bur lajêng mambêt, saha tiyang botên purun utawi botên doyan ngombe, jalaran saking pipa ingkang kangge ngêdalakên toya wau risak, borot. Dados rêrêgêd ing kiwa têngênipun pipa toya ingkang kamomoran dat warni-warni wau sagêd lumêbêt ing pipa katut mêdal amor toya ingkang sae saha rêsik, wusana dados mambêt. KrêkadhangTrêkadhang. toya ing sap-sapan siti (artesisch water) wau ing rêdi sagêd cakêt utawi cêthèk, mèh papak kalihan siti ingkang lêdhok. Ing rêdi punika ngantos toya wau sagêd ambobol siti, lajêng dados bêlik (bron).

Limrahipun toya wau kajawi tanpa rêrêgêd utawi tanpa wisa sêsakit, warninipun bêning sangêt, saha dipun ombe eca raosipun.

Ingkang limrah tiyang badhe mêndhêt toya saking ngandhap siti wau sarana damêl sumur, sadèrèngipun tiyang andhudhuk siti badhe sumur punika, kêdah niti priksa, punapa ing panggenan siti wau toyanipun sae utawi botên. Awit siti ing rêdi utawi siti cakêt sagantên utawi rawa, punika beda. Kathah toya sumur ing siti cakêt sagantên botên sae dipun ombe, raosinraosipun.

asin,

--- 1467 ---

pait ragi gêtir. Manawi damêl sumur ing siti parêdèn utawi ing èrèng-èrèng lèpèn punika dhudhukanipun siti kêdah ingkang lêbêt, manawi kirang lêbêt, botên sagêd mêdal toyanipun. Dene manawi ing tôngga têpalih utawi kiwa têngênipun pakarangan sampun wontên sumur ingkang mêdal toyanipun sae, punika inggih gampil, lajêng sitinipun dipun dhudhuk, kadamêl sumur kemawon. Mados papan ingkang têbih saking jumblêng: 10 m. Damêl sumur ingkang prayogi punika ing môngsa katiga, awit ing môngsa punika toya grondwater mandhap, utawi sumbêr lêbêt, dados damêlipun sumur kapêksa kêdah lêbêt murih pikantuk toya wau. Beda kalihan ing môngsa rêndhêng toya sumbêr minggah agêng, dados sumur cêthèk, ing môngsa katiga sumur wau sat botên wontên toyanipun. Tembok srumbung sumur kêdah kadamêl ingkang lêbêt ngantos dumugi ing toya ingkang mêdal saking sumbêr, lan tembok wau kêdah dipun plêstèr sêmèn, jawi lêbêt ingkang radin rapêt sae, supados toya ingkang rêgêd rumêsêp ing saubêngipun srumbung, sampun ngantos lumêbêt ing sumur. Kajagi sampun ngantos toya rêgêd ing siti lumêbêt ing sumur, tembok srumbung kadamêl 3/4 m. sanginggilipun siti, lan lambe tembok srumbung ing nginggil kadamêl radi wiyar miring dhatêng Jawi (pinggir). Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts.

Greja ing Itali

[Grafik]

Gêdhong greja ing Itali ingkang kasuwur.

--- 1468 ---

Kawruh Sawatawis

Turunan Sêrat Anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V, ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 92.

Namaning wowohan

[Sinom]

ginantyan ingkang wowohan / wowohan kang mungging kawi / wowohan kang lunga rangkat / wowohan kang ngaso margi / wowohan kang bondhèti / wowohan kang kaduk purun / wowohan kasamaran / wowohan asta amidih / lan wowohan sujanma cidrèng ubaya //

wowohan punjuling kathah / wowohan ginarap ririh / wowohan kang ngawut wuta / wowohan kang aningali / wowohan tangguh ati / wowohan ingkang ginunggung / wowohan takêr bêras / lan wowohan mêgat margi / wontên malih wowohan satriya mojar //

wowohan prabu sineba / wowohan kala sawiji / wowohan tan arsa ngambah / wowohan têmbe ningali / wowohan kang aisin / wowohan ingkang aduduh / wowohan tilik kadang/ wowohan angsalnya têbih / wontên malih wowohan ingkang gawokan //

têgêse para wowohan / kang samya munya ing ngarsi / kapundhung kang lunga rangkat / durèn kang ngaso ing margi / kilayu ambondhèti / kuwèni kang kaduk purun / sawo kang kasamaran / pijêtan asta kapidih / mungguh maja têgêse kang punjul kathah //

kaleca cidrèng ubaya / srikaya tinangguh ati / timun ingkang ngawut wuta / têsmak kang ginarap lirih / kathilêng kang ningali / pêlêm wowohan ginunggung / jêruk kang takêr bêras / gêdhang ingkang nyêgat margi / nênggih wuni têgêse satriya mojar //

tangkil kang prabu sineba / jirak kang kala sawiji / sarangan tan arsa ngambah / gowok kang nêmbe ningali / asêm ingkang aisin / êlo ingkang tuduh-tuduh / malinjo tilik kadang / nôngka angsale têbih /Kurang satu suku kata: nôngka angsale atêbih. nênggih jambu têgêse ingkang kawogan //

Ulêsing kapal

[Asmaradana]

asmaradana ginupit / angetang ulêsing kapal / sarta lawan bêndanane / wong agung ing purnasada / lakune gula napas / têkênira dhawuk luyung / kandhêg ngalosot ing lêmah //

kopyahnya alus aputih / arasukan abang-abang / sêsumpinge kêmbang durèn / ana gônda gêndhis kobar / asabuk bang lalaka / akampuh sêkar palumpung / alinggih ing dami luwas //

ambêdhah ing pajêg wêsi / anyênthal tinapuk ing tal / anggulung dodole sawo / mendah aja kumaita / doyan cabuk ilêran / kalis ingkang janjam biru / lêmah dhawuk kasèmbukan //

kang nandhani janjam kuning / sarêntêg kamaladara / bungah-bungah yèn binopong / ulatira andêlalak / cacade sok amancal / èsême lir napas madu / irêng-irêng angsung brôngta //

nulya bêndana winilis / akêkasih rajawana / lakune anyampar wangke / duk lintange pamanahan / tindake baya ngangsar / dhandhang kêkaring [kê...]

--- 1469 ---

[...karing] angaub / mambu pêpêndhêman upas //

akathah kang buntêl mayit / pinêndhêm ing kala luwang / cêguk anggêrêng swarane / ginotong ôndha mustaka / kalabang kapipitan / sinundêp ing sujèn têrus / gondrèk ngilo kang amangan //

kêcapipun angêthêmil / riniba rum tugèng toya / urip atine ginorok / ki bêndana katututan / tiba kasandhung watang / kapapag baya kapranggul / tinunggu binaya rêksa //

cinôndra ing wisnumurti / sinanjata pêpanahan / marodhol wutah atine / durga ngêrik kang angêrah / tlutur ki sonyataka / ingularan sampun suwung / wusing ngancik ing traju mas // Badhe kasambêtan.

Panglipur Manah

Adat Cara ingkang Anggumujêngakên

Satunggal-tunggaling panggenan utawi dhusun, têtiyangipun sami gadhah adat cara piyambak-piyambak. Mênggah sajatosipun botên prêlu kacariyosakên ing ngriki, sabab sadaya para maos masthi botên badhe kêkilapan, ananging wontên adat cara ingkang anggumujêngakên, badhe kula cariyosakên ing ngriki sakêdhik, lowung kenging kangge mêwahi sêsêrêpan sawatawis. Dene anggèn kula sagêd mastani: anggumujêngakên, inggih anggumjêngakên tumrapipun ing têtiyang ingkang pancèn botên sami ngangge adat cara wau, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Jogèd Sundha

Rikala kula taksih dêdunung ing salah satunggaling kitha dhistrik bawah Kabupatèn Cilacap ingkang sisih kilèn, satunggaling wêkdal kula kesah jagong dhatêng panggenanipun mitra kula ingkang dêdunung ing dhusun parêdèn, piyambakipun gadhah kajat (gadhah damêl) sarana ngawontênakên têtingalan nayuban. Sarêng dalu sawêg ramenipun para tamu sami nayuban, kula rumaos sayah linggih, lajêng mêdal saking tarub dhatêng plataran. Ing plataran ngriku kula sumêrêp kathah tiyang jalêr anèm utawi sêpuh sawêg sami anjogèd. Manawi ingkang nayuban ing pêndhapi [pê...]

--- 1470 ---

[...ndhapi] panjogèdipun kèndêl, gôngsa ugi kèndêl, têtiyang ingkang anjogèd ing plataran, ugi sami kèndêl, dene manawi ing pêndhapi gôngsa wiwit mungêl malih, ing plataran ugi sami miwiti anjogèd malih gêntosan utawi sêsarêngan, makatên salajêngipun.

Ing sarèhning kawontênan ingkang kados makatên punika kula sawêg sumêrêp kapisanan, sarêng kula wangsul lumêbêt ing pêndhapi malih, kula lajêng cariyos dhatêng salah satunggaling bêbau dhusun ingkang pinuju jagong, bilih ing plataran kathah têtiyang sami anjogèd, sarta pitakèn, punika têtiyang punapa. Wangsulanipun ingkang kula takèni makatên: Ingkang sami anjogèd punika têtiyang ningali, pancèn sampun dados adat caranipun ing ngriki, bilih wontên têtingalan nayuban, têtiyang jalêr anèma, sêpuha, utawi sanadyan saking sanès dhusun ingkang têbih sawatawis, sami prêlu dhatêng ningali prêlunipun badhe tumut anjogèd ing plataran.

Wondene anggèn kula nyipati piyambak adat cara kasêbut nginggil, sapriki kintên sampun sadasa taun laminipun, dados saupami wêkdal samangke wau adat cara wau suda utawi ical babarpisan, ugi wontên èmpêripun, amargi têtiyang ing parêdèn, sanadyan têbih saking kitha, ugi sami ngudi dhatêng kamajêngan, dados majêng-majêng têmtu wêwah kaprawiranipun.

S. ing P. K. 3170.

[Iklan]

--- 1471 ---

[Grafik]

Sampun dados tatacara, sêtudhèn enggalan punika mawi dipun bagèkakên dening sêtudhèn sêpuh, ingkang dipun wastani Ontgroening sarana mawi patrap ingkang anggumujêngakên tuwin nganyêlakên. Ing nginggil punika gambaripun Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, putra dalêm nata ing Surakarta (têngên) nalika dipun Ontgroen wontên ing pamulangan luhur têtanèn ing Wageningen, suku dipun rut sami suku, lajêng dipun ajak lumampah sêsarêngan.

--- 1472 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Lairipun rugi, nanging ing batos bathi.

Sampun sawatawis rambahan punika Petruk lan Garèng tansah angrêmbag ing bab protèsipun pakêmpalan E.I.V. tumrap ada-adaning nagari anggènipun badhe ngundurakên kawontênanipun schaal B dhatêng schaal A. Ada-ada ingkang makatên punika, manawi ing têmbe èstu katindakakên, ing sakawit têmtu badhe anggonjingakên jagadipun para Walandi pranakan, nanginhg danguning-dangu mbokmanawi malah dados saenipun tumrap bangsa wau. Mênggah têrangipun makatên:

Manawi dipun manah, sayêktosipun wiwit rumiyin mila kawontênanipun bangsa Walandi pranakan punika tansah adamêl èwêding pamarentah Hindia Nederland ngriki. Jalaran saupami bangsa wau kasamèkna kalihan Walandi ingkang tulèn, kados inggih sampun wajibipun, kadar bangsa pranakan punika pancèn anak turunipun. Ewasamantên ingkang makatên punika mêksa dipun anggêp kirang adil tumrap para Walandi totok, awit limrahipun bangsa Walandi pranakan punika dipun lairakên tuwin dipun agêngakên wontên ingriki. Têgêsipun: tumrap kawontênan tuwin panggêsangan wontên ingriki punika kanggenipun bangsa Walandi pranakan botên badhe adamêl kapitunan punapa-punapa. Dados inggih beda sangêt kalihan kawontênanipun para Walandi totok, ingkang botên kulina babarpisan dhatêng panggêsangan wontên ing tanah ngriki punika.

Saupami bangsa Walandi pranakan wau lajêng kasamèkakên kalihan têtiyang siti, tumrapipun jaman rumiyin, inggih botên kenging dipun wastani adil, awit sanajana dipun lairakên, punapadene dipun agêngakên wontên ingriki, dados sampun kulina dhatêng kawontênanipun ing tanah ngriki, nanging ing sarèhne ingkang anggulawênthah, ingkang ngagêngakên, bapakipun, inggih punika bangsa Walandi totok, têmtunipun panggêsanganipun inggih kathah anggènipun nulad dhatêng bapakipun bangsa Walandi totok wau. Amila inggih lajêng kenging kula wastani, bilih ing jaman rumiyin kawontênanipun bangsa Walandi pranakan punika pancèn inggih beda kalihan tiyangipun pribumi.

Jalaran saking punika, pancènipun makatên kawontênanipun bangsa Walandi pranakan wau kenging dipun sêbut gêsang mangro. Pikajênganipun: badhe gêsang cara Walandi grès kadar ingkang ngopèni wiwit alit pancèn bangsa Walandi tulèn, mila inggih sampun mungguh kemawon. Manawi badhe gêsang cara tiyang siti, kadar pancèn dipun lairakên sarta dipun agêngakên wontên ingriki, amila pancènipun inggih botên andadosakên alangan punapa-punapa. Ewasamantên, ing sarèhne ing kala samantên kawontênanipun Walandi pranakan wau langkung anyakêti dhatêng Walandi totok katimbang dhatêng têtiyangipun siti, amila kados inggih sampun mathuk, saupami kalênggahanipun lajêng langkung dipun cakêtakên dhatêng Walandi totok katimbang dhatêng tiyang siti, têgêsipun: kalênggahanipun Walandi pranakan lajêng langkung dipun inggilakên sawatawis katimbang têtiyang pribumi. Langkung malih sarêng umumipun para Walandi pranakan ing kala punika sami dados punggawaning nagari, ngantos wontên salah satunggiling sarjana Walandi Tuwan Dr. Bierens de Haen ingkang nyariyosakên bilih Walandi pranakan punika kenging kaupamèkakên "cêcagak adêgipun pamarentah Walandi," kados inggih sampun mungguh sayêktos, saupami para bangsa Walandi pranakan wau sawatawis lajêng dipun inggilakên drajadipun katimbang tiyang siti. Nanging inggih tumrap jaman rumiyin. Mbokmanawi inggih jalaran saking sabab-sabab kasêbut inginggil, ing wusana ing tanah Indonesia ngriki, lajêng dipun lairakên pranatan ingkang dipun wastani ing tiyang schaal B punika.

Tumrap ing jaman samantên, wontênipun schaal B pancèn inggih sampun mathis sangêt. Awit ing jaman samantên mila inggih nyata, bilih sadaya-dayanipun bangsa Walandi pranakan punika pancèn inggih beda katimbang kalihan tiyangipun siti. Nanging mênggahing jaman samangke, jalaran saking kamajênganipun tanah ngriki saha têtiyangipun, ingkang anjalari kathah cacahipun têtiyang siti ingkang botên ngêmungakên sagêd anjajari kalênggahanipun para Walandi pranakan, malah sagêd anyamèni dhatêng Walandi tulèn pisan, mênggahing kula, wontênipun schaal B ing samangke, botên badhe nguntungakên malah kosok-wangsulipun badhe adamêl kapitunanipun para Walandi pranakan.

Badhe wontênipun lêlampahan ingkang makatên wau, sajakipun para Walandi pranakan sadèrèng-dèrèngipun sampun sagêd anyumêrêpi. Buktinipun: para Walandi pranakan lajêng sami saekapraya ngêdêgakên pakêmpalan I.E.V., ingkang sêdyanipun badhe ngiyatakên barisanipun, kanthi uluk-uluk: "Jêjêg lan rubuhe I.E.V. barêng-barêng karo bandera Walandi."

Uluk-uluk ingkang makatên punika pancènipun sampun nama utami sangêt, anelakakên luhur saha jêmbaring sêsêrêpanipun ingkang kados panuntunipun. Awit ingriku uluk-uluk wau kadosdene anggadhahi maksud, ngêmungakên sumendhe dhatêng

--- 1473 ---

krêsaning pamarentah, têgêsipun kawontênanipun bangsa Walandi pranakan wontên ingriki, punika tansah anjagèkakên sih pitulunganipun pamarentah. Ananging jalaran saking tansah majêngipun têtiyang pribumi, ingkang saya dangu saya andhêsêk dhatêng kalênggahanipun bangsa Walandi pranakan, pamarentah badhe botên nama adil, saupami taksih lêstantun ambedak-bedakakên bangsa pranakan lan têtiyang siti, ingkang sadaya-sadayanipun prasasat tanpa wontên bedanipun malih, sarana wêwaton, dupèh ingkang satunggal taksih kalêbêt putra-wayahipun. Amila ing wusana inggih lajêng botên anggumunakên, bilih pangkat-pangkat ingkang suwaunipun ngêmungakên kasadhiyakakên kangge bangsa Walandi pranakan, saya dangu saya dipun isi dening têtiyang siti.

Mbokmanawi jalaran saking ingkang makatên wau, danguning-dangu ingkang dados uluk-uluking pakêmpalanipun lajêng dipun ewah makatên: "Jêjêg rubuhing bandera Walandi barêng-barêng karo I.E.V."

Manawi dipun tingali namung sakêclapan, uluk-uluk kalih warni wau kados-kados pancèn inggih sami têgêsipun. Ananging manawi dipun gagas panjang sajakipun lajêng anggadhahi pikajêng kosok-wangsul. Uluk-uluk ingkang kasêbut rumiyin, kados ingkang sampun kula aturakên ingajêng, anggadhahi maksud: sumendhe dhatêng pamarentah, nanging uluk-uluk ingkang kantun, kados-kados anggadhahi raos: pangancam. Ewasamantên ing sarèhne punika dhawah ing gagasan kula piyambak, kados manawi wontên lêpating gagapan kula wau, para ingkang rumaos kapranan, mugi paringa gênging pangaksama. Jalaran saking punika amila ing bab uluk-uluking pakêmpalan I.E.V. ingkang angka kalih wau, botên badhe kula andharakên ingkang langkung panjang malih. Kados sampun cêkap samantên kemawon.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih lêstantunipun schaal B botên badhe nguntungakên, nanging kosok-wangsulipun malah badhe adamêl kapitunanipun para Walandi pranakan. Punika têrangipun makatên:

Wontênipun schaal B punika, jalaran saking bedaning tatanan, inggih ing bab wênangipun angsal pènsiun lan sasaminipun, lajêng nuwuhakên golongan kalih, ingkang sajatosipun taksih gêgayutan sanak, nanging kêpêksa satunggal lan satunggalipun lajêng sami plengos-plengosan. Jalaran ingkang kagolong schaal B wau, ngrumaosi langkung dipun sakecakakên, langkung dipun opèni ing gêsangipun katimbang kaliynnkalihan. golongan schaal A. Jalaran saking punika lajêng ngrumaosi langkung inggil kalênggahanipun, langkung inggil drajadipun. Rumaos ingkang langkung luhur wau, wusananipun botên namung dumunung wontên ing para ingkang sami cêpêng damêl wontên ing golongan schaal B kemawon, nanging lajêng saya sumêbar lan sumrambah dhatêng anak putunipun ingkang babar pisan botên gêpok-senggol kalihan schaal B wau, têgêsipun: ingkang babar pisan botên nyambut damêl dhatêng nagari saha angsal wêwênang kados bangsanipun ingkang wontên ing schaal B. Mangga, raos ingkang makatên punika, punapa botên malah adamêl kapitunaning badanipun piyambak. Ingriki lajêng kenging kula samèkakên kalihan tiyang ingkang anggadhahi sêsêbutan radèn upaminipun.

Punika manawi botên kalêrêsan, radènipun wau sok malah adamêl kapitunanipun piyambak. Liripun makatên:

Dupèh anggadhahi sêsêbutan: radèn, punika lajêng ngrumaosi langkung inggil lan langkung luhur drajadipun katimbang tiyang limrah. Manawi ing têmbe angsal padamêlan ingkang pantês, kados anggènipun anggadhahi rumaos langkung inggil lan langkung luhur wau, inggih botên patos adamêl kapitunaning saliranipun piyambak. Nanging sarêng manggihi alam ingkang kados makatên, inggih punika jaman ingkang sarwa rêkaos pados pangupajiwa, sarta lajêng kêpêksa nilar padamêlanipun ingkang pantês wau, salajêngipun saking anggènipun ngrumaosi unggul lan luhur drajadipun, lajêng isin saumpami nindakna padamêlan ingkang pancènipun kêdah dipun tandangi dening tiyang limrah. Ing wusana lajêng dhawah kapiran kapirun. Makatên ugi para ingkang kalêbêt golongan schaal B wau.

Dumugi samantên obrolan kula bab punika, wusana murih botên anama jugag, ingriki lajêng kula sambêti wawasan sakêdhik, inggih punika saenipun tatanan enggal bab icaling schaal B.

Schaal B ical, punika sajatosipun tumrap jaman samangke dados satunggiling budidaya agêng, têgêsipun pamarentah têtêp sipat adil lan wicaksana, sabab saupami botên lajêng wontên ewah-ewahan makatên, botên wurung golongan schaal B tansah manjêr banderanipun, ingkang pikantukipun namung adamêl karugianipun piyambak. Sanajan ingriki botên katêrangakên malih punapa sabab-sababipun, nanging para golongan schaal B tuwin ingkang sami taksih dados golongan schaal A, têmtu sampun ngraos utawi sagêd nglaras piyambak-piyambak mênggah glagading jaman ingkang sami badhe dipun alami.

Mila kula ngucap sukur lair batos, dene kula sadaya kajawi rumaos dipun ayomi yêktos dening pamarentah, ugi rumaos badhe saya sagêd supêkêt kalihan para golongan schaal B, ingkang mahanani santosaning nyambut damêl sêsarêngan, tumuju dhatêng pangrêksa murih saya langkung tata têntrêm lan krêta raharjaning jagad. Wontênipun kula gadhah pikiran makatên wau, awit kula gadhah kayakinan, bilih bangsa golongan schaal B botên badhe awrat manahipun angêbyuk utawi anggolong dhatêng bangsa golongan schaal A. Samangke kantun angyêktosi kemawon kadospundi nyatanipun. Anggêr para golongan-golongan wau ngrêtos dhatêng ubênging jinantra, inggih botên badhe têbih kados pambatangipun pun PÊNTHUL.

--- 1474 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Barang-barang warisan hotel. Parentah nêtêpakên pambagening barang-barang têtilaranipun Hotel Koningsplein tuwin Bellevue ingkang sami katutup. Barang-barang wau kawarisakên dhatêng tatanan ingkang ambiyantu golongan angguran tuwin dados ngamalipun para ingkang kataman crisis ing mangsa punika.

Inggih sanadyan nganggur, manawi ingkang dhawah sakeca inggih sakeca kemawon, tandhanipun tansah botên kasêpênan pambiyantu.

[Grafik]

Tuwan Purwadarminta. Ing Kajawèn mêntas ngêwrat pawartos ing bab anggènipun Tuwan Purwadarminta badhe dados guru basa malayu wontên ing Jêpan. Mirid katrangan sawatawis, ing kala alitipun Tuwan Purwadarminta punika sêkolahipun kagolong dhêdhêl tansah pêdhot-pêdhot, dene wusananipun sagêd lumêbêt dhatêng Normaalschool ngantos lulus. Salajêngipun Tuwan Purwadarminta lajêng kabuka nyinau basa warni-warni, saha wohipun katingal ingkang pinanggihipun sapunika wontên tandha yêktinipun.

Samantên wohing antêp ingkang cundhuk kalihan kalamangsanipun.

Melik anggendhong lali. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa tilas upas, 1. Sarman, 2. Atmasuwita tuwin 3. Dikin, sami kalêpatan prakawis ngêculakên pasakitan sarana nampèni bêsêl. Sarman kaukum 2 taun, Atmasuwita 1 taun tigang wulan, dene Dikin luwar.

Tiyang cêpêng damêl ingkang gêgayutan kalihan prakawis ingkang kenging dipun salusupi bêsêl, pancèn nyamari, ewadene adhakan dipun trajang, dening arta punika lêgi.

Lulus examen procureur. Mas Subêkti adj. hoofdjaksa ing Malang, lulus examen procureur, kanthi angsal biji 7. Tuwan Subêkti wau asli wêdalan saking Osvia Blitar.

Wilujêng.

Tiwas jalaran kapengin sugih. Ing distrik Pêgatan, Bandung, wontên tiyang siti kêpengin sugih, lajêng anglampahakên ngluwêng. Sasampunipun kalih wulan, lajêng tiyang wau dipun tuwèni, sampun awujud kêrongkongan.

Samantên panyabêting daya pêpenginan manawi angèngingi tiyang ingkang kirang jêmbar sêsêrapanipun.

Nyuda cacahing Gemeente. Manut pawartos, cacahing Gemeente ing tanah ngriki badhe namung kakantunakên 6, mêndhêt nagari ingkang agêng-agêng kemawon. Tumrap ingkang kasuwak badhe karangkêp B.B. Rêrigên punika pikantukipun badhe ngindhakakên pamêdal nagari.

Manawi cêtha makatên, dados nagari badhe angsal kukupan kathah.

Bab sudan pènsiun. Mirid pawartos, pènsiun ingkang badhe kasuda, namung tumrap ingkang ing dalêm sataun langkung saking f 6000.- sudanipun 12%. Lan ingkang kasuda wau wiwit pènsiun taun 1920.

Sanadyan bab punika wau sawêg nama pawartos, ewadene inggih sampun damêl sênik-sênik. Awit rumaosipun para pènsiunan sampun linêpatakên ing aradan.

Ingkang angsal pris kêpala. Kawartosakên, pris kêpala ingkang nêmbe kabikak, dhawah hoofdredacteur Cahya Sumatra, tuwin letterzetter 6. Lotipun 1/4.

Jaman kados makatên angsal arta samantên, inggih sêgêr yêktos. Mila sintên ingkang botên kêpengin tumbas lot.

Foto-en Kuntshandel-Studie Indonesia ing Surakarta. Ing Surakarta mêntas wontên bikakan Foto en Kunsthandel Studie Indonesia, gadhahanipun tiyang siti. Nalika pambikakipun dipun jênêngi ing para agêng tuwin tamu sanès-sanèsipun kirang langkung 150. Dene nyatanipun sarwa botên nguciwani.

Nyatanipun pakaryan kados punika, pinanggihipun wontên ing tiyang siti taksih nama langka. Mangka manawi nitik kalihan kawontênan ingkang dipun tindakakên dening bangsa ngamanca, katingal sami majêng. Manawi ngèngêti makatên punika tuwin ngèngêti jamanipun, kintên-kintên têmtu majêng.

Polikliniek M.N. Surakarta mawi bayaran. Wontên pawartos, kabêkta saking jamanipun, wiwit benjing tumapakipun taun 1933, para têtiyang jêjampi dhatêng polikliniek M.N. kêdah sarana mawi bayaran, kapetang sabên sarêsèp f 0.10.

Ewah-ewahan ingkang kados makatên punika têmtunipun adamêl kagètipun ingkang sami kataman, dening salaminipun namung lêlahanan. Nanging yèn kamanah panjang tuwin kacocogakên kalihan kabêtahanipun ugi taksih nama pitulungan ingkang agêng sangêt.

Wohing pandamêl. Tuwan Mohamad Anom, mantri pulisi ing Bêtawi kapriksa wontên ing Landgerecht, kadakwa prakawis nangani dakwa Hasan, gêgayutan kalihan prakawis nonah Beckering. Mantri pulisi wau kadhêndha f 25.- saha pangkatipun taksih kagantung.

Lêlampahan kados makatên punika punapa botên sampun cêkap kangge kaca bênggala.

Redacteur dipun prajaya. Tuwan J. Al Bahry, redacteur sêrat kabar Al Haq ing Bogor, nalika wangsul saking padamêlan wanci jam 6 sontên, dipun têmpuh ing tiyang sêkawan sami ambêkta dêdamêl landhêp, Tuwan J. Al Bahry kabacok kaping 9, wontên ingkang tatu sangêt. Dene mênggah sababipun, gêgayutan kalihan bab pasulayan rêmbag ing golongan Al Irsyad kalihan Baalwi, tuwan wau golongan Al Irsyad. Tiyang 4 ingkang nêmpuh wau ingkang 2 bangsa Arab, sampun kacêpêng.

Rêkaosipun tiyang dados redacteur punika manawi kêtanggor kalihan tiyang okol makatên punika, prakawis pasulayan rêmbag, lajêng dipun walês maratangan.

--- 1475 ---

Ambradhat nyonyah bangsa Eropa. Ing Surabaya wontên satunggiling nyonyah bangsa Eropa, nuju kêkaring wontên pêkaranganing sositeit, dipun purugi tuwan-tuwan bangsa Eropa lajêng dipun krudhuki andhuk kabêkta numpak auto. Sadumugining jawi kitha nyonyah wau sagêd ngrêbat pistol ingkang dipun bêkta pun tuwan, salajêngipun nyonyah wau sagêd oncat, saha lajêng lapur dhatêng pulisi. Miturut pawartos, nyonyah wau pancèn bojon pulisi. Mênggah kajênging tuwan ingkang ambradhat wau dèrèng kasumêrêpan.

Têka kados gambar idhup.

Tikus dados tandhaning kathah sêsakit pès. Ing salêbêtipun kitha Garut pinanggih saya kathah bangke tikus. Ing bab punika Dr. Paryono, inggih punika doktêr ingkang tinanggênah nindakakên pananggulang sêsakit pès, lajêng ngêncêngakên rêrigên anjampèni tiyang ingkang katrajang ing sêsakit pès.

Ingkang sampun pinanggih, ing pundi papan ingkang katrajang sêsakit pès, mangka kathah tikus pêjah, nandhakakên manawi ingriku sêsakitipun mubal. Mila wajib dipun sumêrêpi, tiyang prayogi migatosakên, sampun nganggêp manawi bangke tikus punika botên atêgês punapa-punapa. Samangsa wontên tikus pêjah, supados lajêng lapur dhatêng ingkang wajib.

Rekadaya ing jaman malèsèd. Ing Cirêbon wontên bangsa Eropa nama Groeneveld ngicuk-icuki tiyang padhusunan supados botên ambayar pajêg, saha piyambakipun lajêng ngakên dados lurah. Pangicuk-icuk wau pasah, têtiyang mituhu. Nanging wusananipun tuwan wau dipun cêpêng, katahan ing kunjaran. Ewadene mêksa puguh, botên purun mangsuli pitakenan, manawi sanès panjênênganipun I.K. Wicaksana. Nalika tiyang wau dipun cêpêng, têtiyang ingkang kapilut sami ambelani, nanging lajêng kasirêp ing pulisi.

Punika satunggiling kawanèn ingkang tuwuh wontên ing jaman malèsèd.

Kasangsaran anggêgirisi. Ing margi agêng antawising Blaraja-Tangêrang, wontên autobus saking Serang badhe numbuk lare lumampah nugêl margi, autobus nêdya nyimpangi, nanging katungka wontên auto momotan saking ngajêng. Saking tuna dungkaping lampah, lajêng tubrukan, kalih pisan rêmuk. Sopir auto momotan tatu sangêt, suku putung. Sopir autobus wilujêng, nanging tiyang ingkang numpak cacah 11 sami nandhang tatu rêkaos, wontên 1 ingkang tiwas.

Lêlampahan kasangsaran ingkang kaos makatên punika tansah wontên kemawon, dene jalaranipun botên sanès namung kabêkta saking sêmbrananipun sopir, inggih punika kêrikatên anggènipun nglampahakên tuwin sêmbrana sanès-sanèsipun. Mila pinuji mugi para sopir angèngêtana, bilih ing kalanipun nglampahakên, dados satunggiling tiyang ingkang nanggêl kawilujênganipun têtiyang ingkang sami numpak.

Kawontênanipun tiyang angguran. Miturut pèngêtanipun saking Arbeidsbemiddeling ing Ngayogya, ing salêbêtipun wulan October, wontênipun tiyang angguran bangsa warni-warni, ingkang sampun tumanja angsal padamêlan, bangsa Eropah 12, tiyang siti 56. Dene ingkang dèrèng angsal padamêlan, bangsa Eropah 269, tiyang siti 1596 tuwin 47 bangsa Tionghoa.

Caranipun pêpetangan nama dèrèng nglêgakakên, nanging inggih sampun nama lowung.

Kamajênganipun P.K.N. Ing sapunika P.K.N. ing Ngayogya ngawontênakên cursus controle tumrap cooperatie P.K.N. ing salaladan Ngayogya, makatên ugi ngawontênakên cursus sêsêrêpan tumrap warga pangrèh.

Tumandangipun damêl P.K.N. saya dangu saya katingal. Mugi wohipun sagêd murakabi.

Kasanjata. Wontên pawartos, nalika tanggal 14 wulan punika, ing Samadu Tapatuan, Acèh, wontên satunggiling tiyang Acèh kasanjata dumugi ing tiwasipun dening saradhadhu jalaran tiyang wau badhe mrajaya patroli.

Prahara ing gêdhong Tataan Lampung. Wontên pawartos, ing tanggal 14 wulan punika, ing laladan kolonisasi Gêdhong Tataan katrajang ing prahara; ngantos angrêbahakên griya 34 wuwung. Wontên tiyang satunggal ingkang pêjah, 2 ingkang sami nandhang tatu rêkaos, lan 3 tatu ragi ènthèng.

Kapitunan katapsir f 2000.-

Kuli kapal ngamuk. Ing Samarinda wontên satunggiling kuli ngamuk wontên ing kapal "van Swoll", natoni saradhadhu bangsa Europa satunggal, mantrus kalih, ingkang satunggalipun pêjah, lan ugi natoni satunggiling sêtirman kapal wau.

Tiyang ingkang ngamuk wau sampun kacêpêng.

Pulisi èstri. Miturut Ind. Crt. Directeur B.B. anakèkakên dhatêng pangagêng-pangagêng nagari bawahipun, punapa kamanah prêlu ngawontênakên pulisi èstri. Maksud ingkang makatên wau jalaran saking usulipun Volkenbond, kangge minangka nanggulangi panyadean èstri.

ASIA.

Kasangsaran ing West Indie. Jalaran saking wontên prahara nêmpuh West Indie, adamêl karisakan agêng. Tanêman pisang ing Jamaika risak babar pisan. Têlênging prahara nêmpuh Santa de Laur. Tiyang ingkang katiwasan 1000. Wontên mayit atusan sami kêsangsang ing wit-witan. Gênging kasangsaran wau jalaran saking katêmpuh alun saking sagantên, minggah dharatan, lêbêting toya ing dharatan ngantos 21 kaki. Sanak kadang sami pêpisahan dadakan, lajêng larut kerut ing toya. Kathah tiyang sami pêjah nglalu. Wontên baita 70 sami kèrêm.

Rêmbag bab golongan Paria. Kawartosakên Sang Gandhi badhe siyam malih ngantos dumugi ngajal, manawi ngantos dumugining taun baru para golongan Paria botên kakengingakên malêbêt dhatêng candhi Guruvaju.

Sanadyan Sang Gandhi gadhah sêdya badhe siyam malih, nanging bangsa agêng Hindhu kina têtêp botên ngewahi kêkêncênganipun. Nata ing Malaber têtêp anduwa dhatêng panêdhanipun Sang Gandhi.

EROPA.

[Grafik]

Tuwan Harold Lloyd. Sintên ingkang sampun srawungan kalihan gambar idhup, têmtu mirêng dhatêng namanipun tuwan punika, utawi nate nyumêrêpi gambaripun. Misuwuring namanipun tuwan wau sampun waradin dumugi pundi-pundi. Dalah têsmakipun kados ingkang dipun angge, punika sarêng dipun tiru ing sanès, gagragipun lajêng dipun namakakên "Harold Llyod". Inginggil punika gambaripun tuwan wau sarimbit nalika wontên ing London.

--- 1476 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

60

Tuwan ingkang gadhah griya sarêng ginêmipun dumugi ngriku lajêng kèndêl, kanthi anggagas tuwin pados margi murih Tuwan Sumarta sagêd nampèni ginêmipun. Sarèhning Tuwan Sumarta ngantos dangu botên anyambêti ginêm, tuwan ingkang gadhah griya lajêng anglajêngakên ginêmipun: Ing saiki kowe pêpisahan karo Dhorah. Tinêmune gunêming uwong kang gêthing mênyang kowe, angarani lungane mau jalaran kotundhung. Gêthinging wong akèh mau saya suwe saya manjing. Malah tumraping wong wedok, kowe dianggêp wong kang ambêg siya bangêt. Dadi kowe aja gumun, yèn bojoku gêthing mênyang kowe, amarga katut saka dayaning wong akèh. Bêgja anamu ing kene isih ditampani bêcik dening bojoku, awit kowe isih dikira bisa ngowahi padatanmu, hara coba kowe nindakna kaluputan manèh kang luwih saka iku, bojoku ngingêtake mênyang kowe bae mêsthi ora sudi.

Tuwan ingkang gadhah griya satêlasing ginêmipun, Tuwan Sumarta lajêng ngajak tabikan kalihan wicantên: Bangêt panrimaku, Pit. Kowe iku mitraku têmênan, gêlêm pitutur ing sabênêre, tanpa pakewuh. Pituturmu iku rasane mèh padha bae kaya pituture ibuku mênyang aku, ing sadurunge aku kawin karo Dhorah. Nanging sajrone aku kataman pêpêtênging rasa katrêsnan, pituture ibuku kang bênêr bêcik mau, ora tak anggêp bênêr babarpisan. Malah dhèk samana, ibuku mau tak anggêp wong kampung kang bodho bangêt.

Dadi saiki kowe wis ngrumasani mênyang kaluputanmu Wim.

Ngrumasani bangêt, Pit. Banjur gèk kapriye anggonmu bisa nglêbur kaluputanku kang uwis-uwis.

Ya mung kudu manut kalamangsane, Wim, awit wong ngrumasani mênyang kaluputane, iku wis dadi jalaran ngambah dalan bênêr. Ing sadurunge bêcik mêmikira kapriye bakal kapenake kang kolakoni, bokmanawa isih akèh dalan kang kêna koanggo andandani kaananmu kang rusak, utawa kang koanggo anambani tatumu. Sanadyan karusakan utawa kang tatu mau bakal nabêt ninggali cacad, nanging jênêng waras, kowe bisa bêbadra panguripan anyar manèh. Yèn atimu durung têntrêm, uripmu bakal ora tata, lan urip kaya mangkono iku jênêng sangsara. Ing saiki wis wayah bêngi, yèn kowe arêp mangan, pangane bèn digawa jongos mrene bae.

Bangêt panarimaku, Pit. Pituturmu kang akèh-akèh tak tarima bangêt, rasane kaya dadi têtambaning susahku. Coba saiki tak turokne, sukur yèn sesuk aku olèh wêwêngan padhang.

Sasampunipun têtabikan, tuwan ingkang gadhah griya lajêng mêdal.

21. Kêpêgatan sih

Ngantos sadalu muput, Tuwan Sumarta botên ngêliyêp babarpisan, gagasanipun ngômbra-ômbra botên kantênan. Ing sakawit èngêt dhatêng ibunipun, saha lajêng mangrêtos, bilih anggèning ibunipun kirang sêsêrêpan, jalaran saking botên sêkolah. Nanging pituturing tiyang sêpuhipun wau, sarêng dipun raos, sadaya araos lêbêt tuwin atêgês sae. Salajêngipun sagêd amastani, bilih kawruhipun saking pamulangan punika dèrèng nyêkapi kangge sanguning gêsang.

Kajawi punika, Tuwan Sumarta ugi ngèngêti sambutanipun dhatêng biyung, inggih punika sambutan ingkang botên sagêd sah dipun sauri kanthi tindak kadospundi kemawon. Ing sapunika Tuwan Sumarta mangrêtos, bilih ibunipun punika sanès tiyang bodho, mila lajêng saya karaos-raos èngêtipun dhatêng tiyang sêpuh, ingkang salaminipun tansah nindakakên pangeman.

Sasampunipun makatên lajêng ngèngêti dhatêng bojonipun sakawit, wontênipun namung wêlas, eman dene botên sagêd damêl panujuning manah.

Wêkasanipun lajêng èngêt dhatêng Dhorah, pancènipun pinanggih sarwa nyakitakên manah, saya manawi ngèngêti têtêmbunganipun ingkang raos kaduwung jalaran tumut tiyang Jawi. Têtêmbungan kados makatên wau dipun tampi sakalangkung nyakitakên manah. Nanging kosokwangsulipun, Tuwan Sumarta piyambak inggih tumut kalêpatan, malah damêl wêwinih kalêpatan agêng.

Ing ngriku lajêng tuwuh gêgambaraning lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, kados ta nalika sawêg sami ngwutahakên katrêsnan, raosing kasênênganipun tanpa upami. Saya ing nalikanipun anglampahi jêjodhoan rukun. Lêlampahan sadaya wau, tumamanipun dhatêng Tuwan Sumarta saya anênangi èngêtipun dhatêng kalêpatan. Ing sapunika Tuwan Sumarta mangrêtos cêtha dhatêng wêwatêkanipun Nyonyah Dhorah. Saupami Tuwan Sumarta sabar, anggènipun jêjodhoan tamtu lêstantun rukun. Môngka tindakipun Tuwan Sumarta angosokwangsul, dhatêng ingkang èstri malah sarwa sêrêng, mila pinanggihipun lajêng kados makatên. (Badhe kasambêtan)

--- 181 ---

Nomêr 46, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Dluwang diobong bisa malih dadi dluwang guntingan.

Lumrahe tukang sulap iku klambine ora barès, apamanèh bôngsa Indhu, pating gêdhobyoh.

Mungguh nyulap kaya bab ing dhuwur iku rekane mangkene: ing sadurunge mêtu ing kalangan, angguntingana dluwang dhisik, kira-kira saraup, upama 3 warna: abang biru putih, gêdhene guntingan dikira-kira aja gêdhe-gêdhe, dluwang mau nuli lêbokna lêngêne klambimu kang têngên. Sawise mangkono nuli mêtu karo nyêkêl kawat 2 kilan dawane, diobat-abitake nganggo tangan têngên, prêlune kanggo samudana, supaya tangan têngên bisa nêkuk mandhuwur, dadi dluwange ora wutah lan sing nonton ngira manawa dluwang ora ana jêro lêngên. Sawise têkan kalangan, nuli anjupuk dluwang 3 warna kang wis disadhiyakake upama ana meja. Dluwang iki disunduki lan nuli diobong, ing kono sing nonton saya ngandêl manawa kawat mau gêdhe gawene, awit tanpa kawat uga kêna. Dadi mung kanggo tutup wadi.

Sawise dadi langês, kawat dicêblokake, langês dirêmêt, karo mubêng-mubêng sawatara suwene, nuli muni: in, twè, dri, tangane têngên nuli diubêngake, wis mêsthi bae dluwang padha runtuh, pating klêpyur apik. Anggone ngubêngake sing nganti tuntas, kariya mung sawatara, mêsthine ya mung dikira kapinujon kacêmplung lêngên. Wis cukup mung iku.

Iki gampang bae ora ragat, mara jajalên, nanging poma klambimu kang ômba lêngêne, upamane jas.

Bocah Pare: Sunarka.

Dolan-dolan Nuju Liburan

Jamane nuju mlèsèd, lumrah sabên uwong padha rêp ngirid butuh. Wong kang yèn nuju mangan kaduk iwak, rada disuda. Ana kang pangiride sarana nyuwèkake pamamahe iwak, awit suwening pamanah mau dianggêp sawijing tindak pangirid. Kabèh mau bênêr.

Saiki nyritakake Dèn Sastra, kuwi kêgolong priyayi rada ana, sugih anak.

--- 182 ---

Yèn nuju liburan, mrêlokake dolan karo anake, prêlu kanggo ambêbungah bocah.

[Grafik]

Adate yèn dolan-dolan mau nunggang taksi, milih sing brêgas, banjur mubêng-mubêng, mêngko lèrèn ana resturan. Suwe-suwe anak-anake padha matuh, samôngsa dijak lungan, yèn ora nunggang taksi, banjur padha rèwèl.

Barêng jamane rada owah, yèn lungan trima nunggang dhokar. Suwe-suwe disuda manèh.

Dèn Sastra atine saya ngêcêcês, nanging anggone dhêmên ambungahake anak ora owah. Mung sarèhning arêp nindakake wragad sathithik, anake mung arêp dijak dolan dharat bae.

Sawiji dina, ing wayah esuk anak-anake Dèn Sastra wis padha digugahi, kôndha arêp padha dijak dolan. Wah, barêng bocah-bocah krungu dikandhani mangkono mau banjur pating brubut padha dandan, sauwise rampung padha budhal.

Sakawit bocah-bocah padha ngajak nênunggang, nanging bapakne pancèn anjarag arêp ditokake ing dalan sêpi, karêpe arêp dijak dolan mênyang padesan. Suwe-suwe bocah-bocah mau iya banjur padha kalalèn, malah banjur padha ketok bungah, akèh rêrupan kang durung diwêruhi.

Barêng anak-anake wis padha aring lan ketok bungah, banjur ditakoni: Sênêng ora, cah.

Bocah-bocah padha mangsuli barêngan: Sênêng, sênêng. Dalah sing isih pelo iya muni: Cênêng.

Ana sing muni: Ana kae wêtêngku ngêlèh.

Ing kono Dèn Sastra banjur ambukak buntêlan, isi panganan warna-warna, marêgi lan gawe waras. Wah, kabèh padha ketok sênênge.

Barêng wis wayah awan, bocah-bocah padha arêp dijak mulih. Nanging bocah-bocah padha gêla, malah ana sing muni: Aku êmoh mulih, pak, aku krasan. Barêng ana siji sing muni ngono, bocah liyane ya muni: Krasan, krasan.

[Grafik]

Batine bapakne: Bocah iki durung ngrêti jaman malèsèd, wêruhe mung arêp sênêng-sênêng. Nanging wusanane iya banjur padha mulih.

Dadi mungguh tinêmune, kasusahan lan kabungahan iku tinêmu ing ngêndi-êndi.

--- 183 ---

Sarija Têngga Pêksi wontên Sabin

[Mijil]

Nuwun Rama Sêbul kang nglênggahi / Taman Bocah manggon / kaparênga matur ing ngarsane / aparinga kang aksama mugi / mring kula puniki / lare ingkang cubluk //

namung saking dêrênging kang ati / kêdah badhe mrojol / têmbang Mijil gampil têmbungane / nêmbe punika kula angrakit / namung kangge nglantih / sagêda sêmpulur //

tangèh lamun sagêda ngiribi / pra sarjana jêmpol / taksih cecrekan cara pêksine / nadyan wontên kônca angèsêmi / botên badhe isin / kula nampi catur //

sarwa kithal têmbunge katawis / tansah pating brênggol / sukur bage ing têmbe wingkinge / kadumugèn sagêd angèmpêri / para ingkang wasis / lan ingkang pinunjul //

kacariyos nuju panèn bêlik / wontên lare anom / pun Sarija mênggahing wastane / griyanipun ing dhukuh Gêdari / sabên dintên mêsthi / rencang bapakipun //

dhatêng sabin mikul goprak dêling / mlampah alon-alon / katitik yèn sênêng ing atine / nyawang mrika-mriki lan anyambi / ura-ura lirih / sarèh lakunipun //

dumadakan kêpanggih lan Sali / nuntên jawil takon / mênyang ngêndi bocah bagus kowe / dene esuk-esuk wis ngêcuwis / Sarija mangsuli / arêp tunggu manuk //

gênti kowe Din arêp nyang ngêndi / aku gênti takon / mênyang pasar arêp tuku kare / sing wis suwe ya tak impi-impi / wah thik nyamlêng kuwi / bangêt pengin aku //

ayo padha pisahan saiki / aku menggok ngalor / sampun dugi ing sabin dununge / pun Sarija blasak angubêngi / kathah pêksi sami / nêdha pantunipun //

prak, prak, prak, prak, goprak dipun titir / pêksi mibur mak brol / e dudu mênus si êmprit kowe / gawe susah ora uwis-uwis / mêngko ngati-ati / hlah holup, hlah holup //

ayo kônca padha anglungani / kêtiwasan mêngko / sida kêcêkêl manungsa kae / ora wurung bakal dipatèni / bilai nêkani / e la sida kojur //

pêksi êmprit sami mabur têbih / pun Sarija alok / lah minggata si pênyakit kowe / wis bêcike lèrèn dhisik iki / kalekaran ngisis / anèng jêro gubug //

silir-silir angine sumribit / sinambi sêsêndhon / ora suwe têka kirimane / sêga abang nganggo sambêl krambil / karo jangan bêning / saiba sênêngku //

wontên gubug Sarija alinggih / nyawang ngetan ngulon / mrika-mriki pantun sampun jêne / kathah tiyang jalêr lawan èstri / sami ani-ani / katingal asêngkut //

wontên ingkang sawênèh drêmimil / sinambi gêguyon / mratandhani yèn bungah atine / tan rinaos bêntèr sayah ngêlih / kangge srana murih / sagêda nglêlipur //

datan dangu biyungipun ngirim / sarwi anggêgendhong / sêkul lawuh lan srêbat wedange / dugi sabin sadaya tinampi / dening Sarija glis / lan bingahing sêmu //

ing wasana kula nyuwun mugi / sadaya pra maos / taman sêpuh lan ing taman lare / maringana gunging pangaksami / sarta matur ugi / nuwun rama Sêbul //

Sucitra, Banyudana (Bayalali)

--- 184 ---

Rukun Olèh Gawe

Candhake Kajawèn nomêr 87

6. Tumandang gawe, luwak mati.

Luwak jumêdhule saka pandhêlikan kaya buta kêluwèn, dhasar nyata mambu jago kang awake anggajih, mula anggone gidro-gidro karo ngilêr, saka bangêt anggone kapengin.

Lakune luwak kaya bingung, awit sajêroning ngomah wis pêtêng, unine: Anggonku tangi mau wis kêsorèn, iki wis pêtêng têmên. E, tak nyumêt diyan dhisik. Êrèke iki mau ana ngêndi, ta. Yake dianggo dolanan bocah. E, coba tak golèk gêni mênyang pawon bae.

Luwak banjur mênyang pawon, arêp golèk gêni. Kocapa êndhog wukan kang ana jêron awu, barêng ngrungu lakuning luwak, banjur tata-tata. Ora suwe luwak têka, mara mênyang luwênging pawon, wêruh ana awu mumbruk, dikira urug-urugan gêni, banjur didamoni, raine mèh têmèmpèl awu. Êndhog banjur ngêdên sarosane, yèn cara uwong: andamoni, mak bul, awune ambyuk mênyang raine luwak, mata loro kêbak awu.

Luwak mundur karo sambat: Adhuh mati aku, mataku klêbon awu kabèh. Sawise ngono luwak banjur mlêbu ngomah, arêp linggih ngambèn. Lagi mak pêthingkring linggih ngambèn, dom banjur marani nocog sarosane, nalika arêp nocog nganggo muni: in, twe, drik, barêng têkan drik, dibarêngi nocog mak cèprêt. Luwak anjola karo sambat: Atho biyung, bokongku kêtumbak. Luwak têrus kêkitrang mlayu mênyang jaba karo muni: Adhuh, luwak mangan lampês, awak lagi apês.

Dom kang isih kêkanthil ana ing bokong anjêgigik karo muni: Ihik, awake dhewe kok digawe parikan.

Watu kang ana ngêmpyak barêng wêruh luwak mêtu banjur mapagake, êndhas luwak diêntêbi, prês, sanalika pêcah, luwak mati ngênggon. Watu calathu: Ta, gene mung sêmono, ayo tangia.

Dom nyambungi, suwarane cumlêring: Aku sing nyogok.

Watu krungu suwarane dom mau kagèt, nganti anjumbul, wusana clathu: Kowe mau ana ngêndi dom.

Dom: Aku anjiwiti bokong, luwak banjur mrene.

Ora suwe êndhog têka, lakune alon bangêt, ambune brêng-brêngan, watu banjur ngêruh-êruhi: Kowe saka ngêndi êndhog, lan sababe apa dene awakmu mambu.

Êndhog: Aku mau sing nglilipi awu matane luwak, la kuwi raine isih gabul. Nanging katiwasan watu, saka bangête anggonku ngêdên, awakku nganti bênthèt, mula mambu.

Wis ta anaa kene dhisik karo si êdom, aku tak ngundang si jago. Watu banjur gumlundhung, gludhug, gludhug, mlêbu ngomah.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 95, 28 Rêjêp Dal 1863, 26 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1493] ---

Ôngka 95, 28 Rêjêb Dal 1863, 26 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Pulisi Èstri - Bab Rumêksa Kasarasanipun Tiyang ing Pundi-pundi Panggenan - Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta - Pitulungan Tumrap para Kaji ing Hedjaz - Wêdharan Bab Pasugihan - Eling - Bab Dumping Djepan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah

Tatwawara

[Dhandhanggula]

Ana têmbung anyar amêtoni / wêwarahe wong kang ahli rasa / isbating ngèlmu jarene / mangkene ujar mau / narakane manèh yèn sudi / nadyan swargane pisan / tinampik tan ayun / nanging banjur sinambungan / rèhning urip kudu bali maring urip / mula ahlia swarga //

Kaya paran dènira gagapi / ujar iku têka karya samar / pra sujana bubuhane / prandene kang wus luhung / datan kewran dera ngêcupi / sêdene pra nupiksa / yêkti datan kidhung / ambuka basa surasa / lah sumôngga gènipun anarbukani / môngka ngamaling gêsang //

ingkang cocog lawan akal budi / dadi nyata kêna rinungkêban / tan was-was anekadake / nyataning ujar iku / rèhning isbat yêkti tan sami / lawan barang kang ganal / angegla dinulu / bènèh lan mêloking isbat / mung surasa kang kudu krasèng jro ngati / kandhas ing donyakirat //

kang ginêlar anèng kene iki / dudu nraka utawa suwarga / kaya kang ginêlar ngakèh / têgêse nraka besuk / swarga besuk lamun wis mati / kene ngrêmbug surasa / aja salang-surup / wajibing para manuswa / ulah budi supaya bisa brêkahi / urip jaman mlasarsa //

--- 1494 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pulisi Èstri

I.

Garèng : Anggone rêmbugan ing bab protèse pakumpulaning para Walônda pranakan, padha dilèrèni bae, Truk, wong aku wis dipleroki mrana-mrene, saiki padha ngrêmbug bab liya, nèk cara saotone kanggone saiki sing isih rada angêt, yaiku ing bab pulisi wadon.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, Kang Garèng, bab kiyi pancène ora prêlu dirêmbug, awit ing kene ora bakal dianakake. Kowe rak iya krungu dhewe, para panggêdhe-panggêdhe, kaya ta: guprênur ing Jawa Wetan, ora mupakat, mêngkono uga guprênur ing Jawa Kulon, iya ora cocog, marga alangan dening pangiridan kuwi.

Garèng : Mungguhing aku, iki salah bangêt, Truk, apamanèh ing jaman pambudine para wanita arêp anjaluk dipadhakake karo wong lanang kiyi, kuwi pulisi wadon wajib dianani.

Petruk : Lo, Kang Garèng, nèk kaya unimu, dadi lanang wadon wis padha bae, rak mung ambuwang-buwang dhuwit bae, saupama banjur nganakake pulisi wadon barang, wong iya wis padha bae, arêpa pulisi lanang ajêgan sing... anggledhah upamane, rak ya padha-padha bae.

Garèng : Hus, wong sêmbrana ora karu-karuwan. Banjur mênyang ngêndi kasusilane wanita, yèn mêngkono kuwi, sing dikarêpake padha kuwi, ora banjur dipadha sakabèhane, nanging mung wawênange...

Petruk : Padha wawênange, kiyi karêpe jêmbar bangêt, Kang Garèng, kaya ta upamane: wong lanang diwênangake rabi papat, saupama bojo papat mau siji-sijine padha duwe anak nyiji, gunggung kumpul bapa, ibu 4 lan anak 4 ana 9. Saiki saupama wong wadon dipadha wawênange [wawênang...]

--- 1495 ---

[...e] karo wong lanang, iya banjur têrus kêna ngrèntèngi bojo papat. Rak iya mêsthi kêna-kêna bae, ta, nanging arêpa diplênêt-plênêtna nganti mêcicil-mêcicil kae, iya ora bisa anak-anak jêbrol mêtu 4, lumrahe iya mung mêtu siji, tur iya bocah sing nalôngsa bangêt, awit manawa wis rada gêdhe sathithik iya mêsthi tansah ringik-ringik: cibu, êndi jing bapak...

Garèng : Wiyah, iya ora jangji aku, yèn banjur ngudhal-udhal barang sing ora mèmpêr mêngkono. Karo manèh nèk jaman saiki kiyi, nèk uwong ora dipondhoki pênyakit... rabi bae, iya mokal bisane rabi luwih saka siji, lagi bojo siji bae, kajaba ora bisa êntèk-êntèk, anggone golèk napkah wis êndhas digawe sikil, sikil iya digawe sikil, kathik arêp rabi papat manèh, apa niyat arêp obral bojo.

Petruk : Aku kiyi mung arêp nyatakake nèk wawênange wong lanang kuwi ora mêsthi kêna dianggo dening bangsaning wanita. Iki wawênang sing wis gênah. Mêngko dupèh wawênange dipadha bae, wong lanang diwênangake tayuban, wong wadon iya banjur kêna-kêna bae tayuban, thik nganggo tlèdhèk lanang.

Garèng : Hara, kok banjur rupa-rupa mêngkono. Sing dirêmbug ing bab pulisi wadon, ana kok banjur tlencengan nyang tayuban barang. Ora, Truk, ewasamono aku kok mêksa cocog saupama ing kene kiyi dianakake pulisi wadon.

Petruk : Tumrape aku dhewe, iya pancèn cocog bangêt, saya tumrap sing jaga dalan, hla, kiyi aku anggêsin bangêt saupama wonga wadon. Sukur bage sing rupane mèsdrèng, ora-orane anggêre sing luwês bae, nang pandêlêngan mêsthi iya ora ambosêni kaya saiki kiyi.

Garèng : O, hla wong edan, kira-kirane nèk kalakon sing dadi upas jaga dalan kuwi wong wadon, tur cara Purbalinggane rada ambraling, ora pijêr kobêr ngatur lakuning motor utawa dhokar, nanging tungkul angladèni pitakone wong-wong sing mêngkene kae: yu, mêrgine dhatêng kampung anu, pundi. Lan sabanjure rak bisa kalakon, kabèh dhokar utawa motor padha kêpengin diprosès pêrbal, cikbèn bisa suwe anggone padha nyawang. Kowe kuwi le ora mèmpêr, Truk, barêng cocog anane pulisi wadon, sing dipilih kathik sing kanggo ngatur dalan.

Petruk : Lo, kuwi ana sababe, Kang Garèng, anggonku anduwèni usul supaya upas dalan kuwi sabisa-bisa kudu wong wadon, awit saiki kiyi wis diwiwiti, apamanèh ing kutha sing gêdhe-gêdhe, motor padha disupiri dening wong wadon. Sapa wêruh suwe-suwene kusir andhong rak bisa uga banjur padha wong wadon, wong aku sok mênangi, Kang Garèng, turne upase malah Walônda, sing rupane amêdèni bocah kae, kuwi karêpe mono iya arêp nêtêpi têmênan kuwajibane, nanging barêng arêp nyêkêl motor sing disupiri wong wadon, ing wusana banjur olèh èsêm sing mêrakati kae, sanalika [sa...]

--- 1496 ---

[...nalika] jarene balung kaya dilolosi: mê... las, ... ba... ngêt. Mulane banjur mung calathu: Têrus, Mar, mopro. Ya kuwi, Kang Garèng, wong lanang ki ambok iya dadi apa bae, pikirane sing nyang wong wadon sing ayu: dhêmên, nyang sing ala: wêlas, lo kuwi isih tungkul kêgawa bae. Seje karo yèn sing dadi upas mau wong wadon, kon nyêkêl supir wadon, kanane ngèsêmi, mêsthi iya saya muring-muring, awit dianggêp supir mau: ngece.

[Grafik]

Petruk: Wah, saupama upas kiyi wadon, hêm...

Garèng : Hak, hak, hak, iki rak kandhamu. Kosokbaline yèn sing dadi upas wadon, sing dicêkêl upamane supir lanang, thik cara Banyumase rada kanjat, apa pikirane upas wadon mau iya ora: dhêg... dhêg... dhêg.

Petruk : Ora bakal babarpisan, Kang Garèng, kajaba ta yèn sing dicêkêl kuwi dilalah sing atine: cocog samah cocog. Awit wong wadon kuwi umume atine mung sawiji, dadi beda karo wong lanang, atine sok mangro, malah makranjang, karêpe wong wadon ala bêcik arêp diajak sowan Kyai Pêngulu Kabiyan. Seje karo wong wadon, kuwi umume nèk wis sir karo wong lanang, iya dilakoni têkan dunya akerat têmênan. Sanadyan ana wong lanang satus manèh sing padha anjêjak-anjêjak, rumasane: karo bubule bojoku bae kok isih bagus bubule bojoku. Mulane wong wadon manawa uwis gêlêm anêtêpi kuwajibane, iya banjur ora mawas marang wong bagus asigit. Iya jalaran saka iku aku banjur mupakat bangêt, saupama upas jaga dalan kuwi kudu wong wadon.

Garèng : Hêm, tak pikir-pikir, Truk, kowe kuwi rada ngrèmèhake pagaweane upas sing kajibah ngatur dalan. Awit, ngrêtia, upas dalan kuwi pagaweane ora mung ocang-acung ngatur dalan bae, nanging nèk ing dalan kono ana kacilakan apa-apa, si upas mau iya kudu bisa nandangi, bisa ngrigênake. Balik nèk upase mau wong wadon, ing kono kok banjur ana kacilakan wong kêtlindhês motor upamane, kuwi wong iya wong wadon, rak bisa kalakon sêmaput sanalika, ora orane tapihe rak bisa... têlês sakala kono. Mulane aku iya mêksa ora bisa nocogi, saupama wong wadon didadèkake upas dalan.

--- 1497 ---

Bab Kasarasan

Bab rumêksa kasarasanipun tiyang ing pundi-pundi panggenan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94.

Asring kêlampahan ing satunggiling kitha utawi kampung wontên sêsakit nular, kados ta typhus dysentrie utawi sanèsipun. Têtiyang ing ngriku kathah ingkang katrajang, priyantun B.B. ingkang gadhah pangintên, bok bilih toya sumur ing ngriku sampun katularan wisa sêsakit wau, ingkang anjalari tiyang-tiyang wau katrajang sêsakit punika, mila toya sumur ingkang dipun kintên wontên wisa sêsakit wau, dipun kintun kanthi sêrat dhatêng Geneeskundig Laboratorium ing Bêtawi, nyuwun kapriksa toya wau punapa ngandhut wisa sêsakit ingkang anjalari tiyang-tiyang kampung ngriku kataman sêsakit punika. Geneeskundig Laboratorium mangsuli sêrat kados adat papriksan toya ingkang makatên wau, botên sagêd nêtêpakên awon saenipun sumur punika, utawi botên sagêd nêrangakên bilih toya sumur punika ingkang anjalari tiyang-tiyang katularan sêsakit wau.

Ingkang prêlu no. 1 kapriksa rumiyin panggenan sumur lan kiwa têngênipun karas ingkang cakêt sumur wau, mila manawi badhe nyuwun advies pêpriksanipun, Geneeskundig Laboratorium wau, kêdah kanthi ngaturakên verslag sawatawis kawontênanipun sumur punika, kados ta:

I. Punapa sumur wau ngêblag, utawi tutupan.

II. Pagêr srumbungipun sumur punapa, tembok banon, kajêng papan, utawi sanèsipun.

III. Pintên têbihipun sumur kalihan griya-griya.

IV. Pintên m. lêbêtipun sumur.

V. Pintên m. lêbêtipun saking siti dumugi papak toya.

VI. Punapa sumur wau cakêt jumblêng, kalèn utawi pambucalan rêrêgêd larahan, pintên m. têbihipun saking sumur.

VII. Têtiyang ingkang sakit ing kampung utawi saubêngipun kampung punika kadospundi katingal utawi katawisipun sêsakit wau. Kadospundi kawontênanipun ing salêbêting saminggu utawi sawulan ingkang kapêngkêr.

VIII. Pintên cacahipun tiyang ingkang sami ngangsu utawi ngangge toya sumur punika.

Manawi srumbung sumur kirang sae utawi kirang rapêt saèstu anggènipun nembok, sumur ngêblak cakêt jumblêng utawi pambucalan rêrêgêd larahan utawi sanèsipun, ingkang têbihipun kirang saking 5 m. punika toya sumur wau dipun ombe dening tiyang utawi sanèsipun sagêd ambêbayani. Mila sadèrèngipun wontên katêtêpan papriksan saking Laboratorium wau, dipun awisana ngangge toya sumur punika, utawi manawi kêpêksa botên wontên sanèsipun toya, sadèrèngipun kangge kêdah dipun tawar utawi kagodhog rumiyin.

Sumadirja, Ind. Arts.

--- 1498 ---

Praja Mangkunagaran

Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta ing Taun 1870 dumugi 1915.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94.

Sandhang panganggènipun militèr jaman samantên, padintênanipun jas cêmêng, calana cêmêng, sabên baris dhatêng papan têbih tuwin lesan, topinipun mawi dipun krodhongi kipêr pêthak, nutupi kuping dumugi githok. Manawi pameran utawi pasamuwan agêng, jas cêmêng calana pêthak, mawi kalung lawe utawi renda jêne giligan. Dêdamêlipun: sanjata, mariyêm tuwin pistul, taksih sami lantakan.

Balanjanipun ugi wulanan kados sapunika, nanging taksih andhap, kados ta: pangkat suldhadhu nigang rupiyah, kopral gangsal rupiyah sapiturutipun, sadaya racak-racak mèh namung sapara sakawanipun balônja militèr jaman sapunika. Namung cadhongipun uwos tuwin sarêm sabên wulan, sapriki ingkang taksih lêstantun ajêg nigang dasa katos. Malêbêtipun dhinês lesiyun, jaman samantên botên mawi prajanjian utawi wêwatêsan laminipun kêdah samantên taun kados samangke punika, sarta dèrèng wontên pranatan pènsiun.

Tiyang malêbêt dados prajurit Mangkunagaran, wêkdal samantên botên kenging milih golongan..., nanging kêdah manut dêdêg pangadêging tiyang ingkang gadhah panyuwun, sampun dipun pathok ing pranatan makatên pilah-pilahipun:

Tiyang ingkang dêdêg pangadêgipun utawi pawakanipun andhap alit, lêncir sasaminipun, kêdah dados kumpêni inpantri, prajurit sanjata. Botên kenging malêbêt dados prajurit kapalan sarta sanès-sanèsipun.

Tiyang dêdêg pangadêg agêng andhap, dhepah sasaminipun, kêdah dados kumpêni artilêri. Prajurit mariyêm.

Tiyang dêdêg pangadêg agêng inggil utawi gagah prakosa sasaminipun, kêdah dados kumpêni kapalêri. Prajurit kapalan.

Tiyang dêdêg pangadêgipun alit inggil, kêdah dados prajurit sikêp waos tigang golongan kasêbut nginggil wau salah satunggal. Wondene prajurit waos punika pajagènipun padintênan, wêkdal samantên manggèn ing gêrdhu-gêrdhu parasakawanan utawi para tigan margi agêng salêbêting kitha Mangkunagaran, dêdamêl tuwin pirantosipun: waos, sabak, bêndhe tuwin ting, sabên sagêrdhu tiyang tiga.

Inggih awit saking wontênipun tatanan dêdêg pangadêg tumrap prajurit kawan golongan wau, mila sabên baris agêng sêsarêngan nuju wontên pasamuwan, ingkang katingal rampak sami, botên ngêmungakên sandhang pangangge tuwin dêdamêlipun kemawon, nanging dalah dêdêg pangadêging tiyang inggih ugi sagêd rampak sami, kados ta: ingkang nêm atusan kirang langkung, dêdêging tiyang andhap alit sadaya. Ingkang satusan, dêdêgipun agêng andhap sadaya. Ingkang [Ing...]

--- 1499 ---

[...kang] satusan malih agêng inggil sadaya. Ingkang tigang atusan sami inggil alit.

Tatêngêring sandhang panganggèn tumrap undha-usuking pangkat, inggih punika: suldhadhu dumugi têrbis, sami dèrèng sêpaton, namung prajurit kapalan piyambak ingkang sadaya sampun sêpaton mawi kaspur. Pangkat kopral, têtêngêripun kajawi sêpaton, lêngênaning jas ing ugêl-ugêl sisih têngên mawi sêtrip jêne lawe wiyar. Pangkat sêrsan plêtun sêtrip renda pêthak nanging ciyut. Sêrsan porir sêtripipun kados sêrsan plêtun, nanging manggènipun ing lêngênan bau ugi sisih têngên. Sêrsan mayor sêtripipun ing ugêl-ugêl malih, nanging rendanipun wiyar tikêl kalihan plêtun utawi porir.

[Grafik]

Kamar bolah militèr ing Mangkunagaran.

IV. Namaning golongan abdi dalêm.

Inggih wiwit jumênêng dalêm Kangjêng Gusti kaping IV namaning sadaya golongan abdi dalêm lajêng kasantunan enggal sarta sami kadekekan pangagêng piyambak-piyambak, ingkang golongan agêng nama kawêdanan, ingkang golongan alit nama kamantrèn. Ing ngandhap punika katêrangan pilah-pilahipun.

Kawadanan among praja, wawêngkon ing paprentahan pêpatih dalêm.

Kawadanan kartapraja, golongan gêdhong arta.

Kawadanan martapraja, nindakakên paprentahan saha pakaryan nagari golongan lêbêt.

Kawadanan rêksawibawa, majibi kabêtahan nagari, sawarnining dhaharan, pangunjukan, lêlangên tuwin sapanunggilanipun.

Kawadanan rêksapraja, golongan pulisi.

Kawadanan yogiswara, golongan ngulama, pangulu sasaminipun.

Kawadanan jaksa, golongan pangadilan.

Kawadanan môndragini, golongan pêngkêran utawi kaputrèn.

Kawadanan kasatriyan, mêngkoni paprentahan santana dalêm.

Kamantrèn pamong siswa, mêngkoni panakawan siswa. Murid pamulangan.

Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1500 ---

Pitulungan Tumrap para Kaji ing Hedjaz

Ing bab sêdya mitulungi para kaji asli saking tanah ngriki, ingkang sami kasangsaran wontên ing Hedjaz, supados sagêd wangsul dhatêng tanah ngriki, ing sapunika sampun katingal wohipun, tuwin tumuntên sagêd katindakakên.

Komite pitulungan ingkang katindakakên dening Tuwan Ahmad Soekarti, dumuginipun sapunika dèrèng suka katrangan pintên kathahing arta ingkang sampun dipun kalêmpakakên. Nanging botên prêlu kasarantosakên, amargi ing sapunika sampun wontên arta saking golongan sanèsipun f 30.000.- ingkang sadaya kenging kapigunakakên kangge ngantukakên para kaji ingkang manggih pakèwêd wau. Arta f 30.000.- ingkang saperangan, inggih punika ingkang f 14.000.- asli saking lotre ingkang wêkasan piyambak, tuwin ingkang f 16.000.- saking "Darma Hadji Stichting" kajawi punika wontên malih pitulungan saking matsêkape kapal Walandi Stoomvaart Maatschappij Nederland, Rotterdamsche Lloyd tuwin Stoomvaart Maatschappij Oceaan. Matsêkape wau badhe ambêkta para kaji kanthi waragad mirah sangêt, inggih punika tiyang sêpuh f 50.- lare umur 1 dumugi 12 taun f 25.- Lare ingkang dèrèng umur 1 taun, botên ambayar. Kajawi nyuda waragad, taksih dipun kobèti malih, waragadipun kenging kabayar sapalih rumiyin, kêkiranganipun kenging kabayar salêbêtipun kalih taun.

Tindak kados makatên punika têtêp saking kamirahanipun matsêkape wau. Nanging ugi taksih wontên tindak ingkang ngrigênakên bab punika, inggih punika parentah sampun ngêjogi kabêtahan wau rumiyin dhatêng matsêkape. Dados sapunika tumuntên sagêd ngangkatakên tiyang, sakêdhik-sakêdhikipun 1200, kanthi arta f 13.000.- ingkang sampun sumadhiya. Tuwin kintên-kintên, arta wau taksih sagêd wêwah malih saking arta darma ingkang dipun êntosi.

Parentah sampun miji dhatêng parampara babagan prakawisipun tiyang siti, dados wêwakiling parentah nindakakên sawarnining ihtiyar ingkang prêlu tuwin sêsambêtan kalihan utusan praja Walandi ing Jedah, ngrampungi ing bab ngangkatakên para kaji dhatêng kapal.

Kajawi punika parentah sampun marêngakên, para kaji wau botên ambayar waragad karantinê.

Ing bab punika têtela, samôngsa kathah tiyang suka darma, badhe saya kathah ingkang dipun antukakên. Kanthi suka bingahing manah, Comté Soerkati badhe nampèni kadarman wau, tuwin murih anggampilakên anggènipun sami badhe darma, Darma Hadji Stichting ugi badhe nindakakên rekadaya, damêl tatanan ing bab darma wau.

Buku babaran enggal

Andum Warisan, Serie no. 1029, aksara Jawi 35 kaca. Isi cariyos kawaskithan dalêm Ingkang Sinuhun kaping V ing Surakarta, nalika ambage barang têtilaran dalêm Kangjêng Ratu Kancana. Ing sakawit sami andadosakên kirang panrimah, wusana dhawahing karampungan, malah adamêl pamarêm. Sakalangkung nêngsêmakên. Rêgi f 0.15.

Asih tan Kêna Pisah, Serie no. 989 aksara latin 24 kaca. Nyariyosakên kêkiyataning katrêsnan, ingkang sampun jinodho, sanadyan dipun pisaha, botên nêdya badhe ewah, panutuping cariyos anglêgakakên, têtêp nama sajatining jodho. Rêgi f 0.20.

--- 1501 ---

Wulang Sae

Wêdharan Bab Pasugihan

Bôngsa kula Jawi, langkung-langkung tiyang padhusunan, kathah sangêt ingkang taksih anggadhahi piandêl, bilih kasugihan makatên kenging dipun saranani madhukun utawi maguru. Bab punika botên kenging pinaibên, jêr kula piyambak inggih taksih nyipati, liripun tiyang kêkesahan dhatêng purug saking kojahipun golèk banyu bêning (pados sêsêrêpan) ananging nyatanipun madhukun, gampilipun ngupados pasugihan wau.

Mênggahing tanah Ngayoja, Surakarta, têtêmbunganipun pasugihan, inggih punika: Nyai Blorong, setan gundhul, jaran panolih, bulus jimbung tuwin liya-liyanipun. Manawi ing tanah Têgal, Pakalongan, limrahipun sinêbut: nyupang (pantêsipun têmbung Sundha, sabab lagak lagu ing ngriku rêmên nelad pasundhan), kados ta: nyupang cèlèng, nyupang kêthèk tuwin kathah panunggilanipun malih. Balik tanah wetan anggènipun mastani: jarah, gampilipun ngadimakên jimat, ing ngriku wontên ungêl-ungêlan: jarah onug, punika saminipun ing ngriki: setan gundhul, cêkak panunggilanipun kathah ugi.

Ningali pêprincèn ing nginggil têmbungipun beda-beda, ananging kula titipriksa suraosipun sami, liripun tiyang sugih ingkang sarananipun lampah madhukun wau, lumrah ingukuman kirang prayogi, dede karsa Allah, limrahing wiraosan: sugih sarana lampah ngiwa (sèdhèng) pramila dening sarak dipun ajrih-ajrihi: ing têmbe dados intiping naraka. Pramila kula sok mirêng tiyang nguwuh: saiki mlarat cikbèn, wong besuk nyang suwarga.

Rèhning suraosipun sami, inggih punika namung atêgês ngerang-erang: tindak ngiwa wau, dados Nyai Blorong inggih lugu wiraosan, dados masthi botên wontên titah ingkang badanipun sawêr, sirah tiyang kathik sisik ringgit, ajamang tuwin sapanunggilanipun, kados cariyos ing salêbêting dêdongengan. Ananging kêdah tinampi klayan manah rangkêp, liripun, manawi botên lêpat, badhe ngomong: uwong pangawak ula, têgêsipun pamangsanipun nguntal dhatêng sasami, lir pendah sawêr, punika wontên sayêktos. Sintên ta punika…Liyanipun bôngsa ingkang sinêbut lintah dharat sintên malih. Cobi rak lajêng cocog dipun wastani sawêr, sabab rêmên (mêntala) nguntal tiyang gêsang-gêsangan, têgêsipun: mêrês, tandhanipun manawi nyambuti arta, saking kojahipun kanthi têmbung manis manuhara: tu…lung, ananging wangsulipun botên mêkakat, gampilipun manawi kasêlak botên sagêd nyicil, sajakipun sampun kaêjor, sajak rila donya akerat, ananging dangu-dangu gludhêg dhatêng, deurwaarder amblêsah barang-barang. Gampilipun nyambut arta namung f 10 ing gigat kasêbut gadhah sambutan f 100 utawi langkung, sabab nak-kumanak, inggih margi saking kados [kado...]

--- 1502 ---

[...s] makatên punika, arta f 10 sagêd andhendhal griya sapakaranganipun. Tiyang potang kados punika ingkang pinindhakakên: uwong pangawak ula (Nyai Blorong wau). Ing môngka saking lampah kados punika anjalari andrêbala, liripun sugih arta, amila wontên wiraosan: sisikipun arta. Kados punika mênggah suraosing wiraosan Nyai Blorong, dene wontên bêbasan: adhuh kaya nini Blorong, punika pikajêngipun nyêngès, dene mangangge botên mêkakat, ingkang sêbutanipun mompyor punika.

[Grafik]

Sêsaji dhatêng sawêr.

Prayogi ngrêmbag ingkang dipun sêbut setan gundhul, punika inggih namung wiraosan. Setan gundhul punika doyan ngêrêg tiyang, dadosipun inggih kados kasêbut ing nginggil, gampiling sugihipun sabab saking doyan ngêrêg tiyang, ingkang suraosipun mawi pangrekadaya ingkang nama lampah ngiwa wau. Sabab setan punika, miturut sujarah kitab têgêsipun napsu (watak) awon, pramila tiyang ingkang nêpsunipun botên kenging dipun sayuti kasêbut: lagi kêsurupan, utawi tindak kirang lêrês, ugi kasêbut: nurut setan, awit saking kados makatên punika: manawi kula pitakèn dhatêng tiyang sêpuh, setan niku kados napa êmbah, wangsulanipun: kaya manungsa. Dene wontên wiraosan malih: setan kuwi cangkême mujur, kados para maos têmtu botên kakilapan. Badhe kasambêtan.

Sumadi (Pangarasan)

--- 1503 ---

Raos Jawi

Eling

[Pangkur]

Mungkura rèh kang tan arja / anêtêpi agama ingkang sukci / supaya aywa kalantur / tindak kang murang tata / dur angkara kang tansah mulêt jêjantung / yèn têmên ngèsthi agama / panggawe ala kalindhih //

pêpancèn agama mulya / pira-pira êndi sira sênêngi / Islam Buda Kristên iku / wit kabèh mêngku tama / yèn miliha Islam sira kudu anut / tatanan agama Islam / wêwaton Kuran utami //

yèn sira nut gama Buda / angluhurna marang Budha maharsi / kang mêngku kawruh linuhung / yèn nut Kristên agama / angluhurna Gusti Kangjêng Nabi Yesus / kacrita putra Pangeran / miyos anèng Banisrail //

mung aywa dhêmên anyeda / mring agama kang datan dèn sênêngi / ngamungna têrus amungkul / marang gama pribadya / wit adhakan pra mudha kang kurang jujur / dhêmêne ceda-cineda / wêkasan tan amungkasi //

wit bênêre nora nana / ingkang bisa mutus prakara gami / ala bêcik pan kawêngku / anèng badan pribadya / dadi cêtha ingkang ala uga sinung / bêcik uga kasinungan / mula kudu tansah eling //

elinga marang Pangeran / wit Pangeran iku kang sipat ngadil / karsa ganjar karsa ngukum / ya iku ganjar marang / para titah kang utama budinipun / karsa ngukum dur angkara / kang mukir mring prentah Widi //

kapindho ingkang kawahya / eling marang badanira pribadi / ngaku kawulèng Hyang Agung / rumasa tan kuwasa / ana manèh eling ingkang kaping têlu / eling mring sapadha-padha / dhiri ngina dèn singkiri //

têpa-têpa dèn anggoa / dadi nora karya sêriking ati / mandar danaa pitutur / kang karya enaking tyas / dadi pawong mitranta padha asayuk / tan ana kang ngregonana / mring gama kang dèn antêpi //

nanging aywa tungkul sira / ulah gama suthik angudi picis / awit iku kanthinipun / nadyan adêging gama / lamun tanpa arta uga bisa kuwur / nanging padha dèn waspada / aywa bawur dening picis //

wit kèh-kèhe janma ana / ulah gama nyambi undhaking picis / nanging barêng wus angumbruk / tyas malih rasa kurang / rina wêngi tansah ngudi bandhanipun / sumêlang yèn kalonglongan / paedahe tan dèn wruhi //

tataning agama rusak / brahalane kang tansah angrakêti / mula ywa mangkono iku / wit donya iku nyata / lamun bisa nanjakkên pikantukipun / kautaman salaminya / nanging yèn kaya si nisthip //

tan mikir ing kautaman / nyapèlèkke agama kang dèn luri / yèn mangkono têmahipun / aran mukir ing tekat ./ ora eling batine manusa iku / titahe Pangran kang mulya / tan ana kang mêmadhani //

yèn nir budi kang utama / têmah papa asor dera dumadi / ngilangkên jatining manus / mung kari aran-aran / beda lawan manungsa kang ambêg ayu / nadyan wus têka ing laya / tansah padha dèn lêluri //

dèn mantêp ing adhêpira / mring agama kang wus sira arêpi / aywa samar jroning kalbu / prentahe lakonana / ingkang têmên-têmên tumanêm ing kalbu / kabèh cêgah singkirana / dimèn slamêt donya ngakir //

R. Martasuma, Ngawôngga. K. 4052.

--- 1504 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

BAB DUMPING JÊPAN.

Sawênèh wontên ingkang nyariyosakên, bilih bangsa Jêpan angrêbat tanah Mansyuriah sarana abêbantên wêdaling rah, makatên ugi Jêpan nêdya ngrêbat tanah Indonesia sarana barang dêdaganganipun. Mênggah trajangipun Jêpan angrêbat Mansyuriah wau, sajatosipun botên gadhah niyat sumêdya andhaku tanah ngriku, dening namung sumêdya angrêbat daya kêkiyatan. Dados ingkang mangagêngi tuwin nguwasani tanah ngriku, inggih taksih tiyangipun pribumi piyambak. Ananging kemawon, sadaya ingkang katindakakên utawi ingkang dados kabêtahanipun kêdah sarujuk kalihan pamarentah Jêpan.

Dene trajangipun Jêpan tumrap tanah Indonesia, ugi botên badhe angrêbat panguwasa tuwin pêprentahan tanah ngriki, ingkang karêbat wau ngêmungakên papan padagangan. Têgêsipun: dêdaganganipun bangsa Jêpan sagêda lêstantun pêpajêngan wontên ing tanah ngriki, saha ing salajêngipun angsala panggenan ingkang têtêp kangge njêmbarakên pêkênipun.

Punapa ada-adanipun Jêpan ingkang makatên wau sagêd kêlampahan? Mangga, samangke sami dipun rêmbag sawatawis.

Kados para maos sampun sami anguningani, bilih tanah Indonesia punika sampun kacêluk ing saindênging bawana satunggiling tanah gêmah-ripah loh jinawi tur abandha-abandhu. Amila pangaos pintên kemawon barang-barang wêdalan tanah ngriki ingkang kakintunakên tuwin kasade dhatêng manca nagari sabên taun-taunipun, kados ta: gêndhis, kopi, kênini lan sasaminipun, kados punika prasasat tanpa wontên petanganipun. Sadaya wau anelakakên sugihipun tanah Indonesia punika. Jalaran saking punika pancènipun inggih anggumunakên, dene samantên sugihipun tanah ngriki punika, ewasamantên ingkang kangge kabêtahanipun têtiyang siti piyambak têka botên anyêkapi. Amila lajêng kêpêksa andhatêngakên saking sanès-sanès nagari, kados ta ingkang awarni: pangangge saking mori, lawon, lena lan sasaminipun. Dalasan ingkang katêdha ing sabên dintênipun, kados ta: uwos, ngantos dumuginipun gêrèh pisan, mêksa inggih kêdah andhatêngakên saking sanès praja. Inggih jalaran saking punika para kaum dagang sawarnining bangsa lajêng kathah ingkang sami ngumbara ing tanah ngriki prêlu badhe amajêngakên daganganipun. Langkung-langkung pamarentah ingriki anindakakên ingkang dipun wastani "opendeur politiek", saupami kajawèkna mbokmanawi: politiek blak-blakan, têgêsipun: sintên kemawon ingkang badhe andagangakên modalipun wontên ing tanah ngriki, badhe katampi kanthi rênaning manah.

Makatên ugi bangsa Jêpan, wiwit rumiyin mila pancèn inggih sampun sêsrawungan dagang kalihan tanah ngriki, nanging dèrèng patos rame kados ing samangke. Ing wusana sarêng wontên pasulayan antawisipun Jêpan kalihan Tiongkok, ingkang lajêng nuwuhakên bekotan barang-barang Jêpan dening bangsa Tionghoa, sarta ingkang njalari Jêpan kecalan langgananipun ingkang agêng, inggih punika Tiongkok, Jêpang lajêng kêpêksa ngupados papan panyadean barang dêdaganganipun, inggih punika botên sanès kajawi wontên ing tanah ngriki. Ing sarèhning barang-barang ingkang kados kabêtahanipun tanah ngriki sampun pêpak sarta anyêkapi, samangke kadospundi rekadayanipun, murih barang-barang Jêpan sagêda angsal papan wontên ingriki, botên liya panyadening barang daganganipun kêdah dipun udi sagêda langkung mirah katimbang rêgining barang-barang ingkang sampun kasadhiyakakên wontên ingriki. Ing wusana sagêd kalampahan, para among-dagang Jêpan lajêng sagêd nyade barang dêdaganganipun kanthi rêrêgèn ingkang langkung mirah. Salajêngipun jalaran saking mirahipun rêrêgèn barang-barang Jêpan wau, ngantos sakathahing tiyang lajêng amastani, bilih ingriki Jêpan nindakakên cara, ingkang umumipun dipun wastani "dumping".

Antawisipun para maos mbokmanawi wontên ingkang dèrèng mangrêtos mênggah ingkang dipun kajêngakên dumping wau. Amila ingriki kados prêlu angandharakên sawatawis.

Tumrap among-dagang donya, dumping punika satunggiling prakawis ingkang saklangkung gawat. Amila manawi dipun wontênakên congres economie dunya, dumping wau tansah dados rêmbag rame. Mênggah dumping, punika tansah gandhèng kunca kalihan beya barang malêbêt. Jalaran saking punika amila lajêng sok gampil tiyang amastani dhatêng satunggiling tindak, bilih punika tindak dumping. Kados ta upaminipun:

Barang-barang Jêpan, ingkang wontên ing sajawining praja, kasade langkung mirah katimbang wontên ing nagarinipun piyambak, punika inggih sok lajêng dipun wastani: tindak dumping. Ingkang makatên punika mila sok sagêd kalampahan, inggih punika jalaran saking kawontênanipun praja tuwin beyaning barang-barang lumêbêt. Kados ta: tosan wêdalan Duitschland punika wontên ing nagari ngriku piyambak rêginipun langkung awis katimbang manawi kasade wontên ing nagari Walandi upaminipun.

Kadospundi samangke sabab-sababipun, dene satunggaling barang wontên ing nagarinipun piyambak têka langkung awis katimbang wontên ing sajawining

--- 1505 ---

praja. Inginggil sampun kula cariyosakên, bilih punika gumantung dhatêng kawontênanipun praja tuwin beyaning barang lumêbêt. Mênggah katêranganipun kanthi cêkak makatên:

Murih gampilipun ingriki ingkang kangge upami tiyang damêl roti beskuwit upaminipun. Panyadenipun wontên ing nagarinipun piyambak satunggal blèg rêgi f 1.- sarêng wontên ing sajawining nagari, roti saêblèg sagêd dipun sade rêgi 90 sèn, ewasamantên mêksa taksih wontên bathinipun. Dene mênggah sabab-sababipun makatên:

Saupami tukang roti wau namung adamêl roti bêskuwit 1000 blèg, punika wragading epah kuli, arêng, gandum lan sapiturutipun, kintên-kintên f 800,- dados wragading roti saêblèg namung 80 sèn. Manawi ing samangke ing nagari ngriku namung sakêdhik utawi botên wontên babarpisan tiyang sade bêskuwit, jalaran bejaning lumêbêting bêskuwit ingriku langkung awis, tamtunipun tukang roti wau kanthi gampil panyadenipun rêgi f 1,- wau. Samangke saupami lajêng adamêl roti bêskuwit 1500 blèg, kados-kados wêdaling wragadipun, kajawi indhaking gandum, kenging kawastanan mèh sami kemawon. Saupami wêwahing bêskuwit 500 blèg wau, ngêdalakên wragad 300 rupiyah, dados wragading bêskuwit ingkang 500 blèg, satunggal-satunggalipun namung 60 sèn, lan radin-radinipun bêskuwit 1500 blèg wau saêblègipun kirang langkung rêgi 75 sèn. Ing sarèhning bêskuwit ingkang kangge sadhiyaning nagarinipun piyambak 1000 blèg wau sampun anyêkapi, dados ingkang 500 blèg, ingkang wontên ing nagarinipun piyambak rêgi f 1,- ing sarèhne wontên ing sanès nagari kathah jor-joranipun, amila inggih kêdah dipun andhapakên rêginipun, upaminipun 90 sèn. Mangga punapa botên bathi?

Mbokmanawi inggih kados makatên punika cara-caranipun bangsa Jêpan anggèning nyade barang dêdaganganipun sagêd rêgi langkung mirah wontên ingriki. Dados namung saking sagêdipun ubat-ubêt kemawon.

Ananging mênggahing dumping ingkang sanyatanipun, punika miturut kawruh economie, botên makatên. Dene ingkang salêrês-lêrêsipun dipun wastani dumping, inggih punika saupami nyade barang dêdaganganipun wontên ing sawijining praja kanthi rêrêgèn langkung mirah katimbang pokok radin-radinipun. Dados saupami sade bêskuwit kados kasêbut inginggil. Tumrap andamêl bêskuwit 1500 blèg, wragadipun radin-radin f 800,- + f 300,- = 1100 rupiyah, dados bêskuwit saêblègipun radin-radin rêgi kirang langkung 75 sèn. Sarêng kasade wontên ing sajawining nagarinipun piyambak, bêskuwit wau saêblègipun namung kasade 60 sèn. Dados panyadenipun langkung mirah katimbang pokok radin-radinipun. Inggih cara dêdagangan ingkang kados makatên punika ingkang kenging dipun wastani dumping sajati.

Lah samangke bab kawontênan makatên wau kados sampun cêkap kasigêg dumugi samantên kemawon. Dene ingkang langkung prêlu karêmbag malih bab gêgandhenganipun kawontênaning rêrêgèn mirah wau kalihan kawontênaning gêsang tuwin panggêsanganipun têtiyang siti.

Miturut gumêlaring kawontênan, tumrap kula sadaya têtiyang siti, tamtu langkung sênêng saha langkung mayar sagêd têtumbas kabêtahan ingkang rêgi mirah punika, dening lajêng sagêd anjèrèng utawi ngubêdakên pamêdalipun, ingkang racak-racakipun namung cêkap kangge nêdha kemawon.

Mila wontênipun sagêbyaran ngriku, mirahing rêrêgèn barang-barang dagangan Jêpan punika têtêp nama pitulungan agêng tumrap kula sadaya, sabab bilih jaman sapunika botên wontên jor-joran dagangan makatên, kula sadaya tamtu saya langkung rêkaos gêsangipun, nanging sasampunipun kula sadaya botên kenging lajêng lena, têgêsipun lajêng botên angajèni utawi lajêng nyadèni barang daganganipun piyambak ing sapurun-purunipun, saangsal-angsal kêdah mulat sarta kêdah sinau kaprigêlan, sagêda angrigênakên wulu pawêdalipun tuwin daganganipun piyambak. Awit kauningana, saupami ancasipun bangsa Jêpan wau sagêd angsal kamênangan inggih punika sagêd ngrêbahakên daganganipun bangsa sanès, dagangan Jêpan botên kenging botên tamtu lajêng jlêg kaindhakakên rêginipun, tur ingkang kula sadaya kêpêksa lajêng ngajêngi tumbas kanthi rêgi awis.

Jalaran saking punika, ingkang prêlu kêdah kajagi botên sanès kajawi namung bab ubad-ubêding kaprigêlan, murih kula sadaya sampun ngantos kalêbêt ing gêlar jêglongan. Dados sanadyan samangke kula sadaya bingah dening angsal kamayaran, nanging inggih kêdah ngèngèh-ngèngèh pikiran, kadospundi benjing samangsa kalampahan dagangan Jêpan sagêd rêgi awis tuwin kula sadaya kêpêksa tumbas.

Tutuping wawasan kula, sarèhning sadaya wau badhe wontên wusananipun, lan badhe kadadosanipun ugi sampun katingal lamuk-lamukipun, dados inggih lamuk-lamuk wau ingkang kêdah dipun piyak kasingkirakên, murih botên angrêribêdi dhatêng lampahing gêsang pasrawungan saha panggêsanganing têtiyang siti. Manawi kapanjangakên malih gêgandhenganipun bab punika kalihan para pangrèh praja tamtu inggih namung bab lampahing kaprigêlan. Samantên rumiyin pamawasipun pun PÊNTHUL.

--- 1506 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Umur panjang. Ing dhusun Jêmbêr lor wontên tiyang èstri nama Bok Tadiwangsa, sampun umur 125 taun taksih kiyat, wontên anèhipun, tiyang wau anak putu dumugi canggahipun sami èstri sadaya.

Punika kêgolong satunggiling kaelokan.

Anggorok tiyang. Ing Pêterongan, Jombang, wontên bangsa Arab ambêlèh ingkang èstri, lajêng kacêpêng. Sarêng dipun priksa, cariyos manawi anggènipun ambêlèh ingkang èstri wau, jalaran katingal menda.

Têmtunipun wangsulan ingkang kados makatên punika taksih nuwuhakên papriksan ingkang sakalangkung panjang.

[Grafik]

Yêyasan adi. Ing jaman sapunika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki sampun botên kêkirangan yêyasan-yêyasan bangsaning griya sapanunggilanipun ingkang èdi pèni. Inginggil punika gambar padalêman tuwin patamananipun Têngku Pangeran Sêtia Indra, ing Binjei. Kajawi èdi inggih mawi pepethan ingkang nganèh-anèhi, inggih punika rêdèn ingkang mawi ngêdalakên kukus, sadaya sami rêrekan.

Begal salêbêting kitha. Nyonyah Rukiah, punggawa griya sakit Budi Kamuliaan, Bêtawi, nalika wangsul saking padamêlan taksih sontên, numpak delman, wontên ing papan ingkang rame dipun andhêg dening tiyang 4 lajêng nyêbrot bêbêktan, Nyonyah Rukiah ngêkahi, dados udrêg-udrêgan, nanging sarêng Nyonyah Rukiah tulung-tulung begal sami lumajêng, sampun sagêd ngrêbat arta saringgit.

Punika kenging kangge pêpèngêt dhatêng para wanita, sampun sok sêmbrana kesahan piyambak, awit katingalipun para durjana ing sapunika namung ngangkah dhatêng tiyang ingkang ringkih.

Prahara ing Madura. Ing bawah distrik Waru, Pamêkasan, mêntas katêmpuh ing prahara. Dhusun ingkang katêmpuh 5, adamêl karisakaning griya 214, sami ambruk, nanging botên wontên kasangsaran.

Ing sapunika pancèn nuju mangsanipun angin agêng, ing pundi-pundi wontên kasangsaran kados makatên. Nanging têka nyarêngi mangsa kados makatên. Mila inggih mêmêlas sangêt.

Nyalingkuhakên arta. Asistèn wêdana ing Durenan, Surabaya, kesah nilar padamêlanipun, jalaran nyalingkuhakên arta f 2000.-. sapunika sawêg dados padosan. Mirid katrangan, anggènipun kawiyak wadosipun wau saking wêwadulipun kêpala dhusun ingkang sampun dipun kèndêli, jalaran ugi gadhah tindak salingkuh arta.

Tiyang gadhah tindak salingkuh punika, nama anjarag nyêmplung dhatêng kasangsaran. Nanging anggènipun gadhah tindak wau sok botên prayitna, mila asring manggih piwêlèh saking liyan. Gambaraning lêlampahan kados ing nginggil punika.

Loterij enggal. Benjing tanggal 6 December ngajêng, sampun wiwit nyade loterij malih nama Vereeniging Ziekenzorg Surakarta, tuwin sanès-sanèsipun.

Pawartos punika têmtunipun dipun wigatosakên sangêt dening para ingkang badhe anjangka kasugihan.

Rupêking budi tega dhatêng pati. Ing dhusun Waja, Majalêngka, wontên tiyang jalêr nglalu anggantung, tujunipun kasumêrêpan ingkang èstri, tangsul kenging katatas. Wilujêng. Dene jalaranipun nglalu, tiyang wau sêsadean tansah kapitunan, botên sagêd ambayar sambutanipun dhatêng bank.

Kados makatên wohipun jaman malèsèd.

Sêsorah babagan agami. Ing gêdhong Radyapustaka, Sriwêdari, Surakarta, sabên-sabên angajangi sêsorah ing bab agami warni-warni tuwin kawruh. Ingkang sampun tumindak babagan kasukman, Yahudi, Kristên tuwin Islam. Sêsorah wau katindakakên sawulan sapisan.

Sêsorah makatên punika waton botên tuwuh ceda-cineda, pinanggihipun têmtu sae.

Tiyang lêlana nganèh-anèhi. Ing Bêtawi mêntas wontên bangsa Amerika nama Mr. Grane, dhatêngipun ngriki prêlu badhe pados barang kina, sangunipun 60.000,- dollar. Nanging tuwan wau tilêmipun saênggèn-ênggèn. Wusana dipun samarakên dening pulisi, kapurih manggèn ing hotèl.

Têmtunipun tuwan wau gadhah kapitadosan, bilih ingriki punika têntrêm, utawi gadhah piyandêl, botên wontên tiyang ingkang purun dhatêng piyambakipun.

Ingkang Sinuhun ing Surakarta paring darma f 500,- Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang wicaksana, Ingkang Sinuhun ing Surakarta, aparing darma f 500,- dhatêng para têtiyang ingkang sami kasangsaran katêmpuh prahara ing bawah Klathèn.

Kadarman kados makatên punika têmtu tumanja tuwin langkung migunani.

Patih kakèndêlan saking padamêlan. Kawartosakên, patih ing Sumênêp kakèndêlan saking padamêlan, amargi botên nyêkapi wajib. Nanging miturut pawartos sanèsipun, kèndêlipun wau gêgayutan kalihan rêmên kasukan, sampun nate dipun èngêtakên, nanging botên mêndha. Dados anggènipun botên nyêkapi wau, kintên-kintên jalaran saking kêrêp nilar wajib.

Manawi wontên sabab kados makatên punika, lajêng nuwuhakên gagasan ing bab awonipun tiyang main. Kaduwungipun pinanggih wingking.

Jor-joran mirahakên bir. Adêging pabrik bir ing Tanjungpriok gadhahanipun Archipel Brouwerij Cy, sampun rampung, samangsa-mangsa sampun sagêd wiwit. Nanging sapunika Jêpan andhatêngakên bir ingkang sagêndul agêng namung rêgi f 0.30, kintên-kintên botên wontên ingkang sagêd ngêjori langkung mirah.

Jor-joran makatên punika yêktosipun adamêl bingahipun ingkang tumbas, awit bêtahipun tiyang sapunika namung badhe pados têtumbasan mirah.

--- 1507 ---

Lêngganan tilpun ing Surabaya saya mundur. Kawontênanipun langganan tilpun ing Surabaya ing taun 1931 cacah 8253, nanging ing taun punika kantun 6852.

Inggih sintên tiyangipun ing jaman sapunika ingkang botên nêdya ngirid. Mila pinanggihipun kapitunan inggih urut-urutan.

Ama tanêman klapa. Ing Banjarnêgara tuwuh ama ulêr tanêman klapa, katingalipun dèrèng sapintêna. Nanging jalaran saking padatan, enggal sangêt ngrêbdanipun, mila lajêng nindakakên rekadaya panyêgah.

Hêm, wontên-wontên kemawon.

Pragadan kewan ing Bêtawi. miturut pèngêtan, salêbêtipun wulan Augustus kapêngkêr, cacahipun kewan ingkang dipun pragad ing Bêtawi: lêmbu 594, maesa 468 tuwin menda 4912.

Mirid cacahing pragadan samantên punika inggih kagolong kathah tiyang nêdha daging, mangka punika kapetang salêbêtipun jaman malèsèd, tiyang sampun sami ngirid têtêdhan. Dados saunpamisaumpami. jaman têntrêm, têmtu langkung saking samantên.

Juru misaya ulam angsal tuntunan. Para juru misaya ulam ing Kêndal sami ngêdêgakên pakêmpalan, dipun sêsêpuhi pangagêng pakaryan misaya ulam ing sêgantên. Ancasipun nêdya mitulungi, murih para juru misaya ulam sampun ngantos nandhang sambutan tumanja êmpingan saking para sugih.

Tiyang ingkang dèrèng mangrêtos punika pancèn prêlu sangêt angsal tuntunan, saya tumrap para ringkih ingkang panggêsanganipun sarana ngupajiwa kados makatên.

Parêpatan P.I. ing Bandung rame. Ing Bandung mêntas wontên parêpatan P.I. Ingkang dhatêng jalêr kirang langkung 3100, èstri 400. Rêmbag-rêmbagipun sarwa wigatos, sami dipun èngêtakên ing pulisi, malah wontên ingkang lajêng dipun êndhêg. Sarêng Ir. Sukarno sêsorah nakèkakên panggêsangan 2 1/2 sèn sadintên punapa cêkap, dipun wangsuli tiyang: botên, lajêng langkung rame, Tuwan Albreghs ngawisi Ir. Sukarno mêdhar sabda, tiyang kathah mungêl: têrus. Pangarsa lajêng gadhah panêdha supados sami mênyanyi Indonesia Raya, kêlampahan ngantos rambah kaping 3, wusana bibaran.

We, inggih rame yêktos.

Kaukum 8 taun. Kawartosakên Landraad ing Palembang sampun andhawahakên ukuman 8 taun dhatêng tiyang nama Tarwin bin Wasiyah jalaran kadakwa mêjahi salah satunggiling tiyang èstri.

Kaum bêrah pribumi wontên ing nagari walandi. Wontên pawartos ing nagari Walandi wontên kaum bêrah asli tanah ngriki ingkang sami nyambut damêl dados jongos utawi babu sami nandhang kasangsaran jalaran kataman ing jaman mlèsèt punika. Têtiyang wau pawartosipun botên wontên ingkang dipun têdhani pitulungan.

Pêpêjah ing margi. Wontên lare 2 murid sêkolahan ing Balambangan (Kotabumi), nuju badhe wangsul ing griyanipun, kêplindhês ing autobus BE 754, ingkang satunggal pêjah sanalika, satunggalipun kintên-kintên pêjahipun lêt 1½ jam.

Nyalingkuhakên arta f 12.000.- Pangadilan Landraad ing Surabaya mêntas mriksa prakawisipun dakwa R.S. juru sêrat kantor pangrèh agêng Suikerbond, kadakwa nyalingkuhakên arta f 12.000.- sarana malsu cèk. Dakwa ngakêni, arta sampun têlas. Kaukum 2 taun.

Barang sampun kêlajêng botên prêlu dipun gêtuni.

Pados padamêlan sarana ngasorakên badan. Ing kantor pitulungan pangangguran ing Surabaya mêntas kadhatêngan insinyur bangsa Eropa, nêmbung nêdha padamêlan, nanging sampun kapratelakakên insinyur, mindhak rêkaos angsalipun padamêlan.

Inggih sawêg jaman sapunika wontên insinyur pados padamêlan ngantos kados makatên.

ASIA.

Grondwet Siam. Miturut Grondwet enggal, sang nata kêdah ngênut agami Budha. Para kulawarga nata botên kenging ngêmori pulitiek para rakyat kamardikakakên ingatasing agami. Warganing Wetgevende Vergadering kêdah kapilih dening rakyat, laminipun 4 taun, nata namung kawajibakên milih pangarsa. Tataning adamêl wêwaton rinêmbag sami-sami.

Ambalela dhatêng Ibn. Saud. Wontên pawartos, nanging dèrèng gumathok, ing provincie Azis tuwuh pambalelaning têtiyang nêdya ananggulangi Ibn. Saud. Golonganing prajurit ngintên bilih ingkang ambalela wau namung sawatawis panggenan kemawon, gampil kasirêp.

EROPA.

Sêpur dipun bom. Ing margi sêpur sacêlakipun Nantes, Prancis, ingkang badhe dipun langkungi Herriot, dipun bom ing tiyang, adamêl sirnaning sêpur tuwin ril ing sacêlakipun ngriku. Rahayunipun dene tiyang ingkang dipun angkah wau (Herriot) dèrèng langkung. Ing dintên wau Herriot badhe dhatêng Nantes anjênêngi paargyan mèngêti 400 taunipun supêkêtan Frankrijk-Brittani.

[Grafik]

Kapal Normandie. Kapal Normandie punika sakalangkung agêng, panjangipun 313 m wiyaripun 36 m. Punggawanipun wontên 1400, sagêd ngêwrat tiyang numpak 2500. Waragading andamêl 750.000.000 fr. Parentah Prancis ambiynatuambiyantu. wragad 250.000.000 fr. Wujudipun mriksanana gambar.

--- 1508 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

62.

Sarêng Tuwan Sumarta cariyos makatên wau, lajêng adamêl plonging manahipun nyonyah ingkang gadhah griya, wusana wicantên kanthi ngusap dhadha, dados tandhaning piduwunging manah: O alah, pangapuntên sampeyan kemawon tuwan, kula botên ngintên babarpisan, bilih sampeyan rawuh ing ngriki. Awit sadhèrèk kula wau botên kintun sêrat dhatêng kula. Ing ngriki punika pancèn kêrêp wontên tiyang ingkang sok damêl kagèt. Môngga ta lênggah ing kamar sisih ngrika.

Nyonyah wau lajêng wicantên dhatêng lare kalihan ngusapakên kacu ing rai: Yan, kowe anjagaa bocah-bocah, yèn nganti rame, kowe kang tak srêngêni. Nanging kowe ya aja mara tangan kaya dhèk wingi.

Sasampunipun wicantên makatên, Tuwan Sumarta lajêng dipun kanthi kabêkta dhatêng kamar saha dipun acarani lênggah, wusana nyonyah wau wicantên rumakêt: O, Pangeran ingkang nuntun sampeyan dhatêng ing ngriki. Mugi sampeyan sagêda pêpanggihan kalihan garwa sampeyan.

Tuwan Sumarta mangsuli gêlagêp-gêlagêp: Ka... ka... dospundi. Dhorah... wo wontên pundi.

Wontên ing griya sakit. Kala wau jam sakawan kula tèlêgram dhatêng sadhèrèk kula ing Batawi, suka sumêrêp bilih garwa sampeyan sakit rêkaos. Wusana dèrèng ngantos kawan jam, tuwan sampun dumugi ing ngriki. Dados tèlêgram wau salingsingan. Nanging Pangeran ingkang dhawuh dhatêng sampeyan supados mriki.

Pancèn botên wontên tiyang ingkang akèn kula supados mriki, malah kula botên mampir dhatêng dalêmipun sadhèrèk sampeyan, tuwin botên rêrêmbagan punapa-punapa, lajêng pangkat kemawon. O, bojo kula sakit rêkaos. Dhuh, manawi kula sampun kapanggih, piyambakipun tamtu saras. Dhuh, Dhorah bojoku, têkaku anggawa katrêsnan kang dayane ngungkuli sawarnaning tômba.

Nyonyah sêpuh mangsuli sarèh ririh: Mugi-mugi kinabulna dening Pangeran. Sasampunipun wicantên makatên wau, lajêng nangis.

Tuwan Sumarta nyawang nyonyah sêpuh kanthi samaring manah, lajêng pitakèn: Bojo kula sakit punapa.

Nyonyah sêpuh mangsuli kalihan kêsêsêgên: Kolerah. Kala wingi dipun bêkta dhatêng griya sakit sèndhêng, saking dhawuhipun pangagêng. Manawi kajêng kula, inggih badhe kula purih wontên ngriki kemawon, amargi nyonyah sampeyan sampun kula anggêp kados anak kula piyambak, nanging botên dipun parêngakên. Dene badhe tuwi mrika, kula inggih botên dipun lilani. Kala wau siyang, jam sakawan, kula tampi pawartos ingkang sakalangkung nguwatosakên, mila kula lajêng kintun tèlêgram dhatêng Batawi, kajêng kula supados sampeyan dhatêng ngriki.

Ing sanalika, sarêng Tuwan Sumarta mirêng pawartos makatên wau lajêng anjêgrêg tanpa ebah. Sarêng nyonyah sêpuh wau sampun dumugi anggènipun wicantên, lajêng pitakèn malih: Punapa bojo kula taksih gêsang.

Mugi-mugi Pangeran maringi umur panjang.

Punapa Dhorah dèrèng ngajal.

Kala wau dèrèng, tamtunipun sapunika inggih dèrèng, mugi-mugi sampun kirang satunggal punapa.

Tuwan Sumarta lajêng mênyat saking palinggihan, brabat mêdal dhatêng jawi numpak oto ingkang taksih ngêntosi, saha akèn dhatêng sopir sarosanipun: Ayo mênyang romah sakit sèndhêng, rikat.

Oto lajêng bidhal sumêbut dhatêng griya sakit sèndhêng.

Sadumugining griya sakit, Tuwan Sumarta enggal-enggal mandhap lajêng badhe lumêbêt, nanging amanggih pambêngan. Sakawit dipun êndhêg wontên ngajêng lawang, kêdah kapanggih kalihan sustêr rumiyin, tur sagêdipun pinanggih rêkaos. Sarêng sampun agêd pinanggih, sustêr cariyos, bilih anggèning Tuwan Sumarta badhe kapanggih kalihan Nyonyah Dhorah, punika rêkaos anggènipun sagêd angsal palilah, sapisan, sustêr dèrèng wanuh dhatêng Tuwan Sumarta, dados dèrèng ngandêl manawi bojonipun Nyonyah Dhorah, kaping kalih Nyonyah Dhorah wontên salêbêting bêbaya, dèrèng kantênan pêjah gêsangipun, kaping tiganipun, manggènipun wontên ing barak, panggenanipun tiyang sakit nular.

Tuwan Sumarta sangêt-sangêt panêdhanipun dhatêng sustêr kanthi linut ing tangis, supados panêmbungipun wau dipun dumugèkakên ing dhoktêr. Wusana sustêr tuwuh wêlasipun, lajêng tilpun dhatêng dhoktêr. Dhoktêr ugi nglilani kanthi wêwaton sajawining pranatan, amargi dhoktêr sampun mangrêtos, bilih Nyonyah Dhorah sampun botên badhe ngukup. Nanging Tuwan Sumarta kêdah miturut punapa ingkang dados pranatanipun griya sakit, inggih punika samêdalipun saking ngriku kêdah rêrêsik pangangge tuwin badan, prêlu kangge panulaking wiji sêsakit. Amargi manawi botên makatên, wijining sêsakit wau badhe ngômbra-ômbra wontên ing jawi. (Badhe kasambêtan)

--- 185 ---

Nomêr 47, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Panglipur Ati

Asmaradana

Ana uwong desa siji / nuju ing sawiji dina / giring kuldi jèjèr-jèjèr / anggone tuku ing kutha / kabèh ana sangalas / durung budhal wis dietung / isih ganêp ora kurang //

wayahe wis mèh jam siji / panase kagila-gila / kringêt mili pating dlèwèr / raine amangar-mangar / saka bangêting panas / sikil loro padha mlênthung / gone mlaku kongsi dhingklang //

nora suwe nuli mikir / upama ta aku nunggang / kuldiku kang buri dhewe / kaya-kaya ora nyamar / yèn ta kuldiku ilang / aku nunggu ana dhuwur / bisa penak ora panas //

bêcike dak etung dhisik / o, jih ganêp, ora kurang / wise ngono nuli cemplo / wong desa barêng wis nunggang / ati krasa tan penak / kuldine nuli dietung / kêtêmune mung wolulas //

wong mau nuli miwiti / alon-alon gone milang / supaya tan bisa gèsèh / nanging mêksa mung wolulas / dadi ana kang ilang / ati judhêg nuli mudhun / golèki kuldi kang ilang //

nanging nyata ora kari / mula tumuli diwilang / ana sangalas cacahe / atine wis krasa lêga / mula tumuli nunggang / sawise ana ing dhuwur / nuli gliyak-gliyak mangkat //

ora suwe clathu lirih / timbang nganggur awak ingwang / luwih bêcik ngetung manèh / ngiras kanggo tômba sayah / êlo kok mung wolulas / apa klèru gonku ngetung / ah, pancène mung wolulas //

nyang ngêndi kuldiku siji / dene têka mung wolulas / rak sangalas ta mêsthine / bêcik aku ora nunggang / dak etung ana nglêmah / wong mau tumuli mudhun / pêrlu arêp nyatakêna //

dietungi bola-bali / têmu bênêr ora kurang / mula banjur nunggang manèh / nanging pancène cilaka / pamilange tan padha / ana ngisor ana dhuwur / kêtêmune beda-beda //

nunggang mudhun bola-bali / dietung alon-alonan / nanging mêksa gèsèh bae / yèn ana ngisor sangalas / ana dhuwur wolulas / ati pêgêl wuwuh bingung / mula banjur ora nunggang //

dheweke nuli nakoni / marang wong kang nuju liwat / kakang cobi kula takon / mang etungke kuldi kula / wong desa nuli crita / bab salahe gone ngetung / kabèh tan ana kliwatan //

wong liwat angguyu gligis / krungu anggone carita / tumuli clathu mangkene: / adhi mênggah kuldi dika / manut gèn kula ngetang / sadaya wontên rongpuluh / botên langkung botên kurang //

wong kang takon ora [o...]

--- 186 ---

[...ra] ngrêti / mênêng bae nuli lunga / tan ngrêti ginawe guyon / nanging wong kang tinakonan / angguyu latah-latah / awit ngrêti yèn wong mau / bodhone ngungkuli kewan //

mungguh wose dongèng iki / ora mulang gêguyonan / mung mulang nyang sapa bae / yèn êmoh digo dolanan / dening sapadha-padha / dimêmpêng gonmu sinau / karbèn dadi wong utama //

Sunarka. Bocah Pare

Rukun Olèh Gawe

VII. Amboyong babon

Jago kang lagi susah, nyêkêkrêk ana sacêdhaking pagêr, nganti ora wêruh yèn ing kono lagi ana pêrangan gêdhe.

Nalika jago lagi anggagas anggone arêp nulungi babon, krungu suwara glêdhêg, glêdhêg, nganti ngorêgake lêmah, nanging wusanane jago wêruh yèn kang têka mau watu. Watu kang pancèn dhêdhasare santri, barêng cêdhak jago banjur uluk salam, nanging ora pati pasèh: salam malaekum.

Barêng jago krungu suwarane watu, atine clês ayêm, iya banjur mangsuli: malaekum salam. Wah, aku nganti kagèt, tak arani sêpur, lakumu nganti ngorêgake lêmah.

Watu: Wis ta aja kagèt, lan aja susah, mungsuhmu, si luwak, saiki wis mati, êndhase tak gêjil, rêmuk. Ayo bali.

Jago: Mulih ya mulih, nanging bojoku tulungana. Gulo bojoku rak ana sajêroning jaro, ora bisa mêtu, awake nganti kuru. Kuk kuk, kluruk.

Watu: Kowe kuwi bok aja kêpatuh jêgegesan, iki rak lagi ana gawe prêlu, wah manèh tumrap awakmu dhewe lagi kasusahan, wis, nisiha kana.

Watu banjur angglundhung mundur, gèk maju, gèk mundur manèh, wusana maju rikat bangêt, jaro ditrêjang: prês, mawut dadi sawalang-walang. Sarampunging gawe banjur ambagêgêg, ayake kêsêl.

Jago takon: Wis rampung. Lêga rasaning atiku. Blêg, blêg, blêg...

Watu nyêntak: Wis, aja kuk kuk, kluruk. Ayo saiki budhal, bojomu kanthinên.

Jago kang gulune wis modot arêp kêluruk, barêng disaru si watu banjur diungkrêt manèh, wusana banjur nganthi bojone, budhal mêtu.

Têka jaba banjur dibagèkake êdom, kretan ya wis ana kono. Êndhog anggone ambagèkake lirih: Sugêng bu gêdhe.

Babon mangsuli: Slamêt thole.

Sawise mangkono, banjur tata-tata arêp budhal, mung êndhog kôndha ora bisa milu bali, amarga awake wis rêmêk, malah anggone calathu wis mêgap-mêgap, wusana mati, awake ambyar, diiring gônda blarongan.

Kretan banjur kôndha: Wis ta, sing wis ora ana ya uwis bèn, ayo saiki bali. Babon lan jago banjur munggah, linggihe jèjèr, kaya pangantèn, watu ana têngên, dom ana kiwa.

Sawise rampung, kretan malaku gêmlidhig.

--- 187 ---

Kasênêngan Bocah

Kasênêngan bocah iku kêna diarani manut karo kaananing panggonan, utawa pakulinane. Yèn bocah kutha dhêmêne jaranan, kretan-kretanan. Yèn anak prajurit, dhêmên baris-barisan. Anak dhalang, cilik-cilik wis bisa mucuki. Cêkake warna-warna bangêt. Tur kabèh mau yèn digagas, ya wis kaya dadi pangajaran andhasari antêping pikiran bocah.

[Grafik]

Saiki gênti ngandhakake kasênênganing bocah ing pasisir, iku ya wis seje manèh, saya tumrap bocah-bocah ing tanah Eropah, kasênêngane mau sok dibantu ing wong tuwa. Kaya ta ing Amsêtêrdham, mêntas dianakake têtandhingan praon cilik, nganggo layar barang, lan layar mau iya bisa nadhahi angin kaya prau layar têmênan. Nontona gambar.

Cara kaya mangkono mau mêsthine iya nyênêngake bangêt. Mula bocah-bocah, kowe padha prihatina lan wêkêl, wong tuwamu bèn bisa milu ambêbungah kowe.

--- 188 ---

Kasamarane Wong Tuwa

Mungguhing wong tuwa, apa manèh biyung, iku panyawange mênyang patraping anake cilik kang nuju dolan, sabên dina mung nganakake pikiran samar. Kaya ta wêruh bocah penekan, playon, padha disamarake yèn tiba. Saya yèn bangsane dolan ana ing banyu, upamane adus mênyang kali, blumbang, wah samare nganti kêjêron, awit nganti nyamarake yèn mati.

[Grafik]

Satêmêne pangemane wong tuwa kang kaya mangkono mau bênêr, awit kabèh mau yèn ditrajang, utawa nganti nêmahi apês, wong tuwa kapitunan gêdhe bangêt, yèn ta bocah mau sikil utawa tangane putung, bakal duwe anak kang nandhang cacad. Saya manèh yèn nganti tiwas, sapa kang bakal kapitunan.

Nanging tumraping bocah, pangemane wong tuwa mau malah sok ditômpa kosokbaline, mêsthine mung saka durung ngrêti. Coba nontona gambar iki, kuwi gambaring bocah kang padha angglidhig, penekan nganti dhuwur, inguk-inguk panggonan kang nyamari. Hara mungguh pakolèhe apa.

Nanging yèn dipikir manèh, satêmêne bocah kang watak angglidhig, dhêmên pathakilan sapanunggalane, kuwi kêna kanggo titikan bocah waras.

Dadi mungguhing wong tuwa, wajibe mung kudu ngulat-ulatake mênyang patraping bocah, kang dikira nyamari, kuwi wis ora kêna diselaki. Dene tumraping bocah, iku yèn pancèn wis ngrêti, wajib angèlingana mênyang pangemane wong tuwa. Awit satêmêne, bapa biyung iku kalêbu wong kang asih dhewe mênyang anake, nakala, ambêlêra, anane mung disihi. Iba yèn ambangun turut.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 96, 1 Ruwah Dal 1863, 30 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1509] ---

Ôngka 96, 1 Ruwah Dal 1863, 30 Nopèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Venisia Itali - Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta - Gupêrnur Enggal ing Ngayogyakarta - Kongguru - Wêdharan Bab Pasugihan - Ajênging Kagunan - Bab Andamêl Tempe Kêdhêle - Bab Pulisi Èstri - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Venisia Itali

[Grafik]

Gêdhong San Marco ing Venisia kitha Itali.

--- 1510 ---

Praja Mangkunagaran

Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta, ing Taun 1870 dumugi 1915

Sambêtipun Kajawèn nomêr 95.

Kamantrèn Andesraya, arsitèk majibi yêyasan gêdhong sapanunggilanipun.

Kamantrèn Rêksawahana, majibi sawarnining titihan, kapal kareta sasaminipun.

Kamantrèn Rêksawarastra, majibi kagungan dalêm pusaka dêdamêl ingkang sinêbut kyai.

Kamantrèn Rêksabusana, majibi agêm-agêman dalêm.

Kamantrèn Rêksapustaka, majibi sêrat-sêrat.

Kamantrèn Tarulata, majibi têdhan kapal, sukêt sapanunggilanipun.

Kamantrèn Subapandaya, majibi sawarnining pangunjukan, sês sapanunggilanipun.

Kamantrèn Rêksasugata, sêpèn, majibi olah-olah dhaharan.

Kamantrèn Rênggasasana, majibi sawarnining pêpasrèn, palênggahan sasaminipun.

Kamantrèn Rêksapradipta, tukang lampu, majibi sawarnining dilah.

Kamantrèn Langênpraja, golongan bêksan, wirèng, ringgit sapanunggilanipun.

Kamantrèn Rêksabaksana, majibi sawarnining têdha tumrap abdi agêng alit.

V. Namaning Yêyasan Enggal.

Sajumênêng dalêm kaping IV ugi kathah yêyasan gêdhong-gêdhong, bangsal-bangsal sapanunggilanipun sami kaparingan nama enggal, kados ta: purwasana, gêdhongipun para putra kakung ingkang taksih timur, manggèn pêngkêran sisih wetan. Pracimasana, gêdhongipun para putri dalêm, manggèn pêngkêran sisih kilèn. Dirgasana, gêdhong panjang bêbanjêngan inggil sungsun kalih, perangan nginggil kangge kantoran pêpatih dalêm parimatan tuwin nindakakên lêbêt wêdaling arsa kas nagari sapiturutipun sabên dintên, manggèn sawetan pandhapi agêng. Balepèni, kagêm kantoran dalêm padintênan, manggèn sawetan paringgitan. Balewarni, kagêm lêlangên kalênengan sapanunggilanipun, manggèn sakilèn paringgitan. Bausasra, pawon agêng sajawining pawon pêngkêran, kangge rêrakit têdha cadhong padintênan tuwin pasamuwan bilih wontên damêl. Kartisana, gudhang agêng parimatan barang-barang pirantos iyasan warni-warni, manggèn sajawining cêpuri iring kilèn amung iyasan dalêm gêdhong drahgundêr sarta sêtabêl piyambak ingkang botên kaparingan nama têmbung Jawi, nanging kanamakakên sarta mawi sêratan aksara Walandi mungêl: Kapalêri, artilêri, kangge gêdhong kapal, mariyêm dalasan dêdamêlipun, manggènipun ing pamedan ngajêng Pura Mangkunêgaran iring wetan, panggarapipun watapiswatawis. nêm wulanan laminipun sawêg rampung, babaripun wontên ing taun 1874.

--- 1511 ---

VI. Bab Pangadilan.

Wêkdal samantên bêbadan pangadilan Mangkunagaran punika wontên tiga. 1. Pangadilan kasatriyan, mligi namung nindakakên utawi ngurus prakawis tumrap santana dalêm, kantoranipun wontên ing Prangwadanan, sawetan kantor dirgasana kasêbut nginggil. 2. Pangadilan pulisi. 3. Pangadilan pradata, pasowananipun ing bangsal balemangu, manggèn satêngahing pamedan cêlak regol agêng ngajêngan sisih kilèn. Putusan prakawis pulisi wontên rol, dipun pangarsani asistèn residhèn. Putusan prakawis ing pradata wontên bangsal balemangu blak-blakan kemawon, dipun pangarsani bupati pêpatih dalêm, lidipun para wadana kaliwon, sadaya namung sami lênggah lesehan.

[Grafik]

Gêdhong Pracimasana.

Pranatan prakawis sipil kapisambut, jaman samantên tiyang dipun gugat prakawis bab sambut, bilih botên sagêd nyaur putusanipun dipun kunjara, sabên sambutan f 50.- kinunjara laminipun sawulan, sambutan sampun sah botên kenging katagih malih. Nanging ingkang ngingoni nagari, dede ingkang gigat utawi nyambutakên.

Sawatawis taun bangsal balemangu wau karembak, lajêng iyasa bangsal enggal nama bangsal trisana ugi taksih blak-blakan, bangsalipun jajar tiga majêng mangetan. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1512 ---

Gupêrnur Enggal ing Ngayogyakarta

Tumrap ing Ngayogyakarta tuwin Surakarta, jumênêngan gupêrnur punika, katingal langkung pinahargya (manawi kala rumiyin residhèn), wontênipun makatên, amargi ing praja kêkalih wau sami wontên natanipun tuwin pangeran adipati agêng, dados tumraping praja kêkalih wau, satunggal-satunggalipun wontên natanipun kêkalih, ingkang sami mêngku praja piyambak. Manawi kapiridakên kawontênanipun praja, pangastaning pusara tamtu awrat.

[Grafik]

Makatên ugi tumrap satunggal-satunggaling karajan, kawontênaning pangagêng praja wau inggih tansah pinèngêtan wontên ing buku nitik karaton, ingkang badhe botên kasupèn ing salami-laminipun.

Ing ngriki badhe nyariyosakên cêkakan ing bab jumênêngan gupêrnur enggal ing Ngayogya. Wiwit wontên pawartos badhe kèndêlipun Paduka Tuwan P.R.W. Geseler verschuir, gupêrnur ing Ngayogya, lajêng wontên pawartos ingkang badhe anggêntosi. Sakawit pawartos wau warni-warni, dados sawêg mêdal saking pangintên-intên, nanging dangu-dangu lajêng gumathok, bilih ingkang badhe anggêntosi H.H. Cock, resident ter beschikking gupêrnur Jawi Wetan ing Surabaya.

Kala tanggal 7 Nopèmbêr kapêngkêr, kalampahan Paduka Tuwan H.H. Cock sakalihan sampun rawuh ing Ngayogyakarta. Sadumuginipun ing sêtatsiun Ngayogya dipun papag dening para pangagêng nagari. Sasampunipun têtabikan kalihan para ingkang mapagakên, lajêng bidhal dhatêng gupêrnuran.

[Grafik]

Enjingipun kawontênakên pahargyan pasrah-pasrahan padamêlan praja, dipun jênêngi dening para pangeran saking Kasultanan tuwin pangagênging kadipatèn Pakualaman, militèr komandhan dalah para upsiripun, pêpatih dalêm nata, para bupati tuwin para priyantun sanès-sanèsipun, makatên ugi para Walandi parkêlir.partikêlir.

Sarampunging prêlu tuwan gupêrnur sowan malêbêt karaton tuwin dhatêng Pakualaman.

Têtêpan gupêrnur enggal punika, tumraping wêwêngkonipun, nama amanggih pangrèh enggal. Mênggahing pangajêng-ajêng namung mêmuji, mugi angayêmana dhatêng sadayanipun.

--- 1513 ---

Jagading Sato Kewan

Kongguru

Ing Kajawèn sampun nate ngêwrat cêcariyosan ing bab kewan ingkang nama kongguru, nanging namung cêkakan. Mila ing ngriki prayogi nyariyosakên sawatawis, murih kauningan ing para maos.

Kongguru punika sajatosipun kewan ing tanah Ostraliah tuwin kapuloan sakiwatêngênipun, sanès kewan ing tanah ngriki. Nanging tumrapipun bôngsa Jawi inggih sampun kathah ingkang sumêrêp, sumêrêpipun wau kajawi wontên ing gambar-gambar, ugi nate nyumêrêpi dipun bêkta ing tiyang kumidhi. Dene kewan wau limrahipun namung dipun pitongtonakên makatên kemawon, botên dipun mainakên, amargi kongguru wau satunggiling kewan ingkang botên sagêd anjilma. Jalaran saking wujud tuwin saking lampahing kewan, tiyang Jawi lajêng sagêd namakakên piyambak, dipun wastani kêdhongklang, kintên-kintên kapiridakên saking anggènipun lumampah kêdhingklangan.

Pinanggihipun wontên ing tanah Ostraliah, kewan wau kapetang dados amaning tanêman, anêdhani gêgodhongan utawi pala kêpêndhêm. Ing kalanipun nêmpuh têtanêman rikat sangêt, sakêdhap kemawon sampun andadosakên karisakan agêng.

Rekadayanipun têtiyang ingkang sami karisak tanêmanipun, anggèning nanggulangi sarana dipun sanjatani, wontên malih sarana dipun jaring, dene ingkang kathah namung dipun sanjatani punika. Nanging mênggah kongguru wau, tumraping tiyang botên wontên damêlipun punapa-punapa, amargi ulamipun botên eca, wacucalipun botên kapetang golongan adi. Dados pigunanipun, namung manawi sagêd kacêpêng gêsang, kenging dipun ingah kangge aneh-anehan. Wontênipun namung karekadaya makatên, amargi kongguru ingkang kaingah gêsang, punika botên kalap ing damêl punapa-punapa tur kêsit sangêt. Purunipun lajêng miturut manggèn ing kandhang, jalaran saking kêpêksa, tuwin sampun kêsayahên saking anggènipun gronjalan nêdya oncat.

Sayêktosipun tiyang badhe ngangkah nyêpêng kongguru gêsang-gêsangan, punika angèl sangêt, lêrês kongguru punika mripatipun kêgolong botên awas, nanging têngèn sangêt, sabên mirêng krusêk sakêdhik kemawon lajêng oncat, dene kesahipun wau botên malajêng, namung mancolot. Pancolotipun kongguru punika inggil tuwin bablas, sapancolotan têbihipun ngantos sagêd kawan mètêr. Mriksanana gambar. Mila awis tiyang sagêd nututi pancolotipun, sanadyan sagawon pisan, awis ingkang sagêd ambujêng.

Tata gêsangipun kongguru punika nyata saking kamirahaning Pangeran, awit manawi mirid saking sukunipun sakawan, ingkang kangge damêl namung kalih, suku wingking [wing...]

--- 1514 ---

[...king] kalih, tumrap sukunipun ngajêng botên kangge punapa-punapa, awit namung alit, wujudipun kados suku thekle, botên nate kangge tumapak, manawi kongguru wau kèndêl, patrapipun kados tiyang linggih, sukunipun ngajêng dipun gantung. Dene dununging kêkiyatan, kajawi sukunipun wingking agêng, ugi dipun biyantu ing buntutipun ingkang sakalangkung agêng. Agênging buntut wau kadosdene tuwak, lan ugi dados pirantos anduwa pancolotipun, mila sagêd bablas. Lan anèhipun malih, kewan wau manawi tilêm mangkurêp, buntutipun katalêsêpakên wontên sangandhaping badan, prêlunipun manawi wontên punapa-punapa lajêng sagêd anduwa tumuntên.

[Grafik]

Kongguru punika manawi gadhah anak, sasampunipun lair, lajêng sumèlèh wontên ing kanthong, dados lajêng manggèn wontên ing sajawining wêtêng. Dhumawahipun wontên ing wadhah ngriku dèrèng sampurna, nanging salajêngipun sagêd ngantos agêng, sawêg mêdal sampun sagêd pêplajêngan. Ing salêbêtipun wontên wadhah wau, cangkêming anak tansah tumèmpèl ing panthiling biyung, pangombenipun botên sarana nêsêp, nanging tansah kilèn wêdaling toya susu piyambak. Tumrap ingkang dèrèng sumêrêp, sintên ingkang ningali wujuding gambar punika, tamtu gumun, kakintên kewan punapa, awit manawi mirid anggèning wontên ing gêgana, pantêsipun bangsaning ibêr-ibêran. Dene sajatosipun, inggih kongguru wau, jalaran saking inggiling lumpatipun, ngantos katingal kados mabur.

Kados makatên tata gêsangipun kongguru.

--- 1515 ---

Wulang Sae

Wêdharan Bab Pasugihan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 95.

Sapunika dumugi ing pangrêmbag jaran panolih, saking kojah manawi sêkarat têmtu ambêgingèh sarta pêjahipun sirah dados kèngêr, punika sayêktosipun ugi namung wiraosan, botên kok nyêdir dhatêng kapal, punika lêpat, lêrêsipun mêndhêt pêpiridan tiyang sami dene tiyang. Cêkakipun wontên dêdongengan tiyang jaman kina, ingkang nama: Jaran Panolih, punika misuwur anggènipun gadhah wêwatêkan awon, dados caraning samangke: jêmpol, nanging jêmpoling awon, larasipun kados punika.

Kantun nyuraos bulus jimbung, punika inggih lugu candhala panyamah (ngasorakên) cêkakipun wontên tiyang sugih dumadakan gadhah sêsakit bêlang, watakipun tuwin lampahipun ugi awon, punika sok dados raosan: wong pasugihane bulus jimbung, suraos nyamah, sabab bulus ing Jimbung, baku bêlang-bêlang sayêktos, punika saking kawakipun, pramila agêngipun ugi angedap-edapi. Dados pasugihan bulus jimbung maksud dhatêng kêkiyasan. Dene wontên kojah: nèk sakarat gulung koming nyang pacêrèn, punika maksudipun: tiyang ingkang botên limrah tiyang, manawi pêjah nistha, botên linayat tiyang ingkang para luhur utawi tôngga têpalih. Gampilipun asring dipun gulawênthah mawi kuli, sabab botên wontên tiyang wêlas (sudi). Dene wontên kojah samôngsa bêlang sampun dumugi ngirung, punika cariyosipun sampun mangsanipun badhe kairid dhatêng ing Jimbung (cêlak kitha Klathèn). Iyak punika andupara sangêt, cêkakipun makna: pangala-ala ingkang sangêt.

Samantên mênggah dunungipun pasugihan kintên kula sampun cêkap, sapunika kantun ngraosi dumadosipun pitêmbungan wau, o, punika gampil angèl, gampilipun bôngsa kula Jawi punika ahli sangêt dhatêng wirasat (prêsêmon) punika sampun misuwur ing jagad, sabab sêrat-sêrat kina sampun nelakakên, pinanggihipun para mangudi kawruh sami nêtêpakên manawi cultuur Jawi sampun inggil (luhur) emanipun pinanggihipun ing samangke têka asor drajatipun. Lo punika sampun kagèt, gampilipun jaman cultuur sampun kapêngkêr. Pramila sampun cuwa ing panggalih nututi gêsanging jaman samangke. Gêsang jaman samangke ngajêngakên kasarasaning badan. Dados bêtahipun inggih namung barang kasar-kasar, bêbasan rêbatan sêga sapuluk dipun tohi nyawa. Punika tumrap raos kêjawèn baku botên cocog, pramila bab kawontênanipun tindak jantraning gêsang ing samangke kula sumanggakakên dhatêng ingkang kawogan. Margi kula rumaos cupêt ing kawruh, tuna ing budi, pramila angêgungna pangaksama kemawon.

Sumadi, Pangarasan.

--- 1516 ---

Bab Kagunan

Ajênging Kagunan

Saya dangu ajênging kagunan ing tanah ngamônca saya katingal linangkung, pinanggihipun wontên ing tanah ngriki, ingkang dipun sumêrêpi ing ngakathah sampun warni-warni sangêt. Satunggal-satunggaling kagunan wau ajênging gagrakipun, têtiyang ing jaman sapunika kathah ingkang sami nyumêrêpi. Kados ta:

Bab gambar, rumiyin tiyang sampun anggumuni dhatêng tiyang sagêd anggambar (motrèt), wujudipun têka sagêd plêk, nanging kala samantên inggih nama dèrèng sapintêna. Dangu-dangu saya mindhak-mindhak, lajêng sagêd dados gambar idhup, ing sapunika dumugi gambar sagêd wicantên.

Bab dilah, mindhak-mindhakipun ngantos dumugi dilah èlèktris. Sontan-santuning gagrag bab dilah punika inggih warni-warni sangêt.

Bab tilpun, punika inggih tansah mindhak-mindhak, rumiyin kalanipun sawêg wontên tilpun enggal-enggalan, sanadyan suwaranipun taksih krêsêk-krêsêk samar, nanging têtiyang sampun sami gumun. Dene lêting tiyang ingkang wicantên samantên têbihipun, têka sagêd mirêng, suwaranipun rambatan turut kawat. Dangu-dangu pirantosipun saya sampurna, tiyang tilpun sagêg dumugi nagari têbih-têbih, dipun wastani intêrlokal. Wah, kala samantên gambiraning manahipun tiyang ingkang sagêd tilpun, tanpa upami, upaminipun saking Batawi dhatêng Surabaya, namung sakêdhap sampun dumugi. Saya anggumunakên malih manawi bab wau dipun gagas dening tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, têbihipun Batawi kalihan Surabaya, lajêng dipun etang kanthi ukuran lumampah dharat, tamtunipun inggih ngêlangut sangêt. Wusana malah lajêng wontên tilpun tanpa kawat, punika saya mêgah-mêgahakên.

[Grafik]

Ewadene bab tilpun wau sanadyan sampurnanipun kados makatên, tiyang mêksa taksih gêla, amargi suwara punika sagêdipun angyêktosi dhatêng ingkang gadhah suwara, namung manawi sampun kulina. Dados saupami badhe prêlu wicantênan kalihan satunggiling tiyang, taksih kenging dipun apusi, [a...]

--- 1517 ---

[...pusi,] sarana akên-akênan. Wusana bab kados makatên punika ing sapunika sampun kasêmbadan. Dados saupami tiyang badhe nagih sambutan lumantar tilpun, môngka ingkang nampèni tilpun kalêrês tiyang ingkang dipun tagih, inggih kantun ngacungakên tangan kemawon, tiyang ingkang dipun tagih botên sagêd selak malih. Makatên ugi tumraping tiyang ingkang badhe pêpanggihan kalihan mitra, inggih sagêd pêpanggihan. Mriksanana gambar.

[Grafik]

Bab tumpakan, ingkang kina piyambak tandhu, mindhak-mindhak ngantos dumugi mêsin mabur. Têtumpakan mêsin mabur wau pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun onjo piyambak, bab rikating lampah botên wontên ingkang nyamèni. Nanging wantuning kagunan punika tansah kaudi, caraning pangudi inggih botên kêndhat-kêndhat, kadosdene Prof Picard ngudi badhe nyampurnakakên ing bab lampah anggêgana, sampun sagêd nyobi anggêgana ingkang inggilipun sampun sagêd 16.000 mètêr, salajêngipun taksih dipun udi langkungipun sampurna malih. Dene wigatosipun kangge sarana ngudi kawruh.

Bab anggêgana sampun katingal kados ingkang kacariyosakên wau. Ing sapunika ing bab ambêlês sadhasaring sagantên. Satunggiling tiyang ahli nama Prof. William Bebee, sampun angadani damêl pirantos kangge silêm dhatêng sadhasaring sagantên. Pirantos wau waja adhadhapur bundêr, kandêlipun 1 1/2 dim. Wujudipun mriksanana gambar, Prof. William Bebee ingkang têngên.

Pirantos wau kalampahan sampun kacêmplungakên ing sagantên Atlantik, Prof. William Bebee wontên ing nglêbêt. Pirantos wau mawi dipun kanthèni tilpun, dipun gandhèng kalihan kapal ingkang ambêkta, prêlu kangge suka pawartos dhatêng kapal, salajêngipun kawartosakên dhatêng New York sarana radhio.

--- 1518 ---

Nalika silêming pirantos dumugi 700 mètêr, Prof. Bebee nyariyosakên, ing nglêbêt sagantên sakalangkung pêtêng, dening botên kasorotan srêngenge. Nanging kewanipun ing ngriku sami gadhah cahya kadosdene konang. Kewan-kewan wau sami ngrubung pirantosipun Prof. Bebee. Sadumuginipun ngriku, pirantos wau sangêt anggènipun gêtêr. Kajêngipun badhe ambêlês malih ngantos 1000 mètêr, nanging botên sagêd, jalaran pirantosipun kalêbêtan toya.

Sanyata bilih kagunan punika tansah saya majêng. Dene mênggahing nalar, sanadyan ing tanah ngriki punika têbih saking tanah ngrika, kintên-kintên inggih badhe katularan.

Jagading Wanita

Bab Andamêl Tempe Kêdhêle.

Ingkang winastan tempe punika para maos tamtu sampun sami priksa. Ing sarèhning sapunika sampun jamanipun angirid, pandamêlipun lêlawuhan dhêdhaharan inggih kêdah angirid. Tempe punika mênggah kangge lawuh dhahar inggih sampun kenging winastan madya, punapa malih yèn tumrapipun para ingkang ahli anyêgah ulam ambêkan kenging winastanan ingkang miraos piyambak.

Ing sajatosipun, tempe kêdhêle ingkang murni punika raosipun gurih tur sagêd katandho ngantos tiga utawi sakawan dintên, sarana kaêlèr. Ananging yèn kacampuran sanèsipun (adhakan kacampuran ampas tahu), punika sok botên kenging katandho. Kasèp pangolahipun sadintên sadalu kemawon lajêng bosok. Bakul tempe punika sok wontên ingkang purun anyampuri tempenipun, jalaran ingkang tumbas sok pados ingkang mirah, ingkang sade pados bêbathèn, punika sampun tamtu makatên tindakipun. Bilih angèngêti tempe ingkang murni saha sae panggarapipun, sagêd katandho tiga sakawan dintên, para priyantun ingkang karêm dhatêng tempe kêdhêle langkung prayogi andamêl piyambak. Kajawi punika, sok sintêna tiyangipun ingkang nêdya damêl tempe sagêd anindakakên. Sajatosipun para bakul tempe yèn kapitakenan caranipun andamêl tempe sok botên purun anêdahakên, jalaran ajrih yèn dipun jori. Ananging ing sarèhning bab andamêl tempe kêdhêle punika ugi winastan sêsêrêpan, prêlu ugi kasumêrêpan ing ngakathah.

Pirantosipun bilih badhe andamêl tempe sagantang punika, kados ta: blèg lisah patra kalih iji, kukusan agêng satunggal, cêpon (tompo utawi rinjing) satunggal, tambir (tampah agêng) satunggal, siwur saha solèt dêling.

Blèg lisah patra punika satunggal kangge anggodhog kêdhêlenipun, dene satunggalipun kangge amadhahi asêmanipun.

Kukusan punika kangge anyaring toya asêman.

Cêpon kangge anggilês.

--- 1519 ---

TampirTambir. kangge angêlèr krècèk (krècèk punika kêdhêle sampun kagodhog, kaasêman saha karagenan).

Siwur saha solèt dêling kangge angudhak.

Sasampunipun pirantos punika pêpak lajêng tumbas kêdhêle têrus kagodhog ngantos matêng, ananging botên kenging kêtanêkên, yèn ngantos kêtanêkên, bilih kagilês lajêng rêmuk. Godhogan kêdhêle punika lajêng kakèndêlakên ngantos anggadhahi raos kêcut (limrahipun watawis tigang dasa nêm jam), toya ingkang kangge angrêndhêm kêdhêle ingkang ngantos kêcut punika winastan asêman. Bilih sampun anggadhahi toya asêman punika, pangrêndhêmipun kêdhêle ingkang kagodhog kaêsokan toya asêman (anggènipun ngêsokakên asêman sasampunipun asrêp) kêcutipun langkung enggal, inggih punika kalih wêlas jam. Kêdhêle ingkang sampun raos kêcut wau lajêng dipun wadhahi ing cêpon lajêng kagilês (panggilêsipun las-lasan ngantos sami pêcah) sarampunging kagilês lajêng dipun pususi ngantos rêsik (ical ilêripun). Badhe kasambêtan.

H.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pulisi Èstri

II.

Garèng : Ambalèni rêmbuge lagi dina Sabtu kang kapungkur, Truk, aku pancène iya mula mupakat, saupama ing kene dianakake pulisi wadon, mung bae iya aja pulisi sing kanggo jaga dalan, awit kiyi, nèk ora kabênêran, ora kok banjur agawe têntrêming dalan, nanging rak malah bisa uga agawe ora karu-karuwan, jalaran si supir motor, kusir dhokar, suradhadhu baris, cêkake kabèh sing padha ngambah ing dalan kono, rak banjur tansah ora kobêr andêlêng ing ngarêp, nanging tungkul anyawang... mas ajêng upas. Hara, apa iki ora luwih angrugèni katimbang bêgêblug... pitik upamane.

Petruk : Wiyah, le ora mèmpêr mêngkono, Kang Garèng kiyi, ana yèn wong wadon sing didadèkake upas dalan, têka prasasat diarani yèn luwih angrugèni katimbang bêgêblug pitik, lo, kiyi rak ora gathuk babar pisan.

Garèng : Hla, kiyi rak pikiranamu sing bundhêl kuwi, banjur angarani yèn ora gathuk, nèk timbanganaku, wah, gathuk pisan. Kowe wêruh dhewe, Truk sapira rugine wong sing padha ngingu pitik kalane ana bêgêblug pitik, esuk, sore, bêngi, subuh, luhur, asar, magrib, isa, cêkake tanpa môngsa anggone pitik-pitik padha: thêk, klêsêt, thêk klêsêt. [klêsê...]

--- 1520 ---

[...t.] Sanadyan iki rugine mêsthi ora sathithik, nanging rak mung mandhêg nyang wong-wong sing ngingu pitik, sing karêm nyang iwak pitik, lan ana ing pitik-pitik bae. Balik wong wadon didadèkake pulisi dalan, nèk ora kabênêran bisa nuwuhake... kiyamat. Jalaran, nèk ora kabênêran, saka anggone kêtungkul anyawang... mas ajêng upas mau, rak bisa kalakon, nèk cara unèn-unèning main bilyarêt, padha karambol, nanging dudu bal karo bal, sing karambol (bênthukan), kuwi motor lan dhokar, dhokar lan grobag. Hara, apa iki ora rugi bêsar bae, durung karambole: Pak Krama karo Bok Krama, sinyo Hèndrik karo Nonah Mari...

[Grafik]

Petruk : Wis, wis, wis, kok banjur saya anggêdabrul mêngkono. Nèk mungguh timbanganaku, kaya-kaya wis mathuk, saupama sing didadèkake pulisi dalan kuwi wong wadon. Ewasamono ing sarèhne kowe ora rujuk, iya wis, aku tak ngalah. Mungguh wawasanaku, pancèn iya ana, Kang Garèng, pagaweaning pulisi sing mathuk bangêt saupama ditindakake dening wong wadon, kaya ta: pulisi sing diwajibake nunggoni parêpatan. Dhasar wong wadon kuwi umume, tandang tanduke alus, arêpa ngelikake wong-wong sing padha rêbutan lumêbu ana ing papan parêpatan, mêsthine têmbung-têmbungane iya alus, sanadyana anjorog-jorogake wong sing ora enggal nurut prentahe, têmtune nang gêgêr utawa dhadha, rasane iya ora: mak dhêg, ngêg, kaya ngrontog-ngrontogake maras kae, nanging nang ati malah mak: sir, sir, ngono kae. Apa manèh yèn nyêtop juru sêsorah, sing sêsorahe ngliwat-ngliwati watês, têmtune suwarane iya ora kasar thik, klokar-klokor sajak ngêmu brèndhi utawa jênèwêr, nanging nang kuping mêsthi iya lilêr-liyêr,liyêr-liyêr. saya nêpsu, suwarane saya diêlikake, ana ing kuping saya cêmêngkling turut usuk. Luwih-luwih yèn sabab tansah diwancahi prentahe, kang anjalari saya jaja bang mawinga-winga, lo, kuwi ora kok banjur amêdèni wong tuwa, nanging malah saya mêrak ati...

--- 1521 ---

Garèng : Hla, kiyi rak malah saya gawe ora urus babar pisan. Luwih manèh kanggone para jurnalis, sing umume papan palungguhane ora adoh saka pulisi, kang diwajibake nunggoni parêpatan mau, anggone gawe pêrslah nyang korane rak bisa saya nyilakani sing gawe sêsorah utawa gawe repot parêpatan.

Petruk : Mêngko sik, mêngko sik, Kang Garèng, kandhamu kiyi sajake kowe kayadene andakwa marang para jurnalis, yèn sok kêrêp agawe pêrslah sing ora cocog karo sing dirêmbug.

Garèng : Ora andakwa, Truk, nanging mula iya têmênan, kaya ta: nalikane P.P.P.K.I. nganakake parêpatan angrêmbug anggone arêp cancut taliwônda tumrap bakal anane ordhonansi kanggo sêkolahan-sêkolahan partikulir, lo, iki parêpatan wadi, ewasamono esuke ing salah sawijine layang kabar Walônda ana pêrslahe sing ngalênthar bangêt, nanging upama sêlikuran mono, sing dicêkêl gunggung ana 18, barêng dijalukake manèh olèh... Lônda, dadi nyêplike mung ana 7, têgêse: anggone gawe pêrslah mau rada ngalor-ngidul...

Petruk : Wiyah, kiyi jurnalise rak ora nunggoni parêpatane P.P.P.K.I mau, dadi anggone gawe pêrslah iya nyara kowe nèk sore lungguh lêngêr-lêngêr ana ing ambèn kae, banjur anggagas: Saupama aku mênang lotre aku mêsthi tuku omah gêdhong sing kiwa têngêne ana papilyune, ing omah gêdhe: êmbok tuwa, ing papilyun sisih têngên: êmbok pênêngah, ing papilyun sisih kiwa: êmbok ragil, wah uripku mêsthi pursêkot suwarga têmênan. Mêngkono uga gagasane jurnalis Walônda, sing sanyatane ora nunggoni parêpatane P.P.P.K.I. mau, kuwi mangkene: saiki parêpatan P.P.P.K.I sing dirêmbug bab iki, adêge mêsthi mêngkene, sing ditindakake bakal mêngkono. Dadi pêrslahe mau mung mêtu saka utêking yu yu dhewe bae, mulane iya banjur rada ngalor ngidul. Nanging iki ora kêna yèn banjur kok padhakake karo pêrslah ing jurnalis sing pancèn nunggoni parêpatan, dupèh lungguhe ing kono cêdhak karo pulisi wadon...

Garèng : Iya, nanging si jurnalis rak bisa anduwèni gagasan: Wèh pulisi sing nunggoni parêpatan kok ngèsès, wah, gêlunge le mèphèt, wah tapihe le kanjat, wah, wirone le anjalirit, wah, slope le anjinggring, mendah nèk lumaku mêsthine: sê... blak,...sê ...blak. Wusanane lali anggone gawe pêrslah, banjur mung main antêm jakob bae. Hara, apa iki ora nyilakani parêpatan bae.

Petruk : Wiyah, wiyah, hla kuwi rak nèk kowe sing dadi jurnalis, anggêr wêruh gêlung gondhèl iya banjur lali sakabèhe, nganti têkane... nyaur utang pisan.

--- 1522 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Raja Karangasêm manggih kasangsaran. Raja Karangasêm, Bali, ingkang nuju dhatêng tanah Jawi, wangsulipun saking Surakarta lajêng dhatêng Surabaya, nalika lampahipun auto wontên antawising Malang kalihan Surabaya, autonipun numbuk grobag. Raja Karangasêm nandhang tatu sakêdhik kenging pêcahan kaca, pandhèrèkipun ugi wontên ingkang kêtaton. Sasampunipun dipun bêbêt, lajêng kondur dhatêng Bali.

Dhatênging susah punika sok tanpa antan-antan, nanging sanadyan bingah ugi makatên.

[Grafik]

Pangarsa H.B. Muhammadiyah. Tuwan Haji Hisyam, mudha pangarsa H.B. Muhammadiyah sapunika, kaangkat dados pangarsa.

Wilujêng.

Pitulungan tumrap golongan angguran. Kawartosakên, Directeur Justitie kaparêngakên dening parentah ngangge arta f 1397.18 kangge ambiyantu Eerste auto-technische cursus, tumrap para angguran neneman ing Surabaya.

Rêrigên pitulungan tumrap golongan angguran, kenging dipun wastani botên nguciwani, nanging sarèhning kawontênanipun ingkang dipun tulungi tansah gumarudug tanpa kêndhat, katingalipun taksih kirang kemawon. Nanging inggih sampun nama lowung.

Ewah-ewahan asistèn-residhèn Billiton. Kawrat tatanan enggal, ing Billiton botên dipun dèkèki asistèn-residhèn mandhiri, salajêngipun badhe kalêbêt laladan paresidhenan Bangka.

Punika satunggiling pangiridan laladan. Tamtunipun tumrap sanès panggenan ugi badhe wontên tindak kados makatên.

Juragan auto ambruk. Juragan auto ing Cirêbon ingkang misuwur, kesah nilar sambutan f 15.000 jalaran kapitunan.

Tiyang among dagang punika bêbasanipun kêdah mawi toh pati, manawi bêgja, sagêd andêrbala, manawi apês, inggih sangsara, nanging adhakanipun awis ingkang purun dhadhag, manawi dhawah apês, lajêng ngoncati. Dados mênggahing nalar, tiyang punika namung nêdya pados sakeca thok.

Bank enggal. Wontên pawartos, benjing tanggal 1 Januari 1933 ing Ngayogya badhe wontên bank enggal, saking ada-adanipun golongan Kristen tiyang siti, apawitan f 200.000 sarana nyade aandeel rêgi f 10.-

Kasêmbadaning sêdya punika pantês pinuji. Dene kasêmbadanipun wau botên sanès namung tuwuh saking karukunan.

Demo tuwin atax botên angsal papan. Demo tuwin atax ingkang mlêbêt dhatêng kitha Klathèn sami botên pajêng, amargi kêduwa saking karukunanipun para kusir, wêkasan demo tuwin atax sami angoncati.

Wohing karukunan punika manawi kalêrêsan sok anggumunakên.

Jiwa bangsa Siam ing Bandung. Pangeran Paribatra saking Siam, kanthi putri 5 tuwin abdi 9 sami têtêp manggèn ing Bandhung.

Katingalipun sang pangeran ing sapunika sampun têntrêm ing panggalih.

Kasangsaran ing rêdi Mêrbabu. Ing pucak rêdi Mêrbabu pinanggih wontên mayit tiyang jalêr anèm anyandhing buku-buku. Sarêng dipun titi, ingkang ngajal wau sawênèhing murid N.I.A.S. ing Surabaya, nama Jakawidaya asli saking Surakarta. Anggènipun minggah dhatêng rêdi punika pancèn sampun dados karêmênanipun, sabên kalamangsa liburan lajêng minggah dhatêng rêdi, malah sadèrèngipun sampun nate miggahminggah. dhatêng rêdi Kêlut. Dene anggèning tiwas wau dèrèng kasumêrêpan sababipun.

Kasênêngan minggah rêdi makatên punika, pancèn botên kenging dipun paibên, awit satunggal-satunggaling tiyang punika gadhah kasênêngan piyambak-piyambak. Malah tumraping Eropa, kalêbêt dipun wigatosakên. Dene wontênipun tiwas, punika nama manggih sangkala.

Kuli dhatêng Dèli pajêng malih. Kawartosakên, kantor kuli ingkang nama Adek, tampi palilah kaparêng ngêdêgakên papan pados kuli wontên Ngaglik, Kutaarja, kanthi kontrak.

Mirid kawontênan kados makatên punika, nandhakakên bilih sampun wontên srêming-srêmingipun, ing tanah sabrang badhe wontên padamêlan. Inggih atêgês mlèsèdipun badhe sumisih. Ewadene pinanggihipun ing raos, sajak taksih nyamut-nyamut.

Sewan siti saya mlorot. Pasitèn No. 1 ing Kulonpraga, ingkang rumiyin sewanipun f 40.- sapunika namung f 25.- salajêngipun manut undha-usuking pasitèn. Sabin No. 3-4 kaangge sami.

Mandhaping sewan siti nama dèrèng sapintêna, awit nama taksih wontên ingkang nyewa, tinimbang botên. Saya malih tumrap ingkang sampun wujud pamêdal, punika botên trimah mlorod, malah sok botên pajêng. Saya mêmêlas.

Landgerecht ing Sêmarang. Wiwit Januari dumugi Sèptèmbêr kapêngkêr, wontênipun prakawis ingkang kapriksa Landgerecht ing Sêmarang wontên 11.500 langkung, kintên-kintên dumugining tutup taun sagêd 14.000. Ing taun 1931 namung 10.000 prakawis.

Sarêng majêng, jêbul majênging prakawis, nanging nama majêng ugi.

Parêpatan pasar malêm. Ing salêbêtipun wulan December badhe wontên parêpatan ing bab rêmbag pasar malêm satanah Jawi, badhe ngudi murih tatanipun sagêd sami. Ingkang dados pangajêng comite Pasar Gambir.

Wah, badhenipun sawarnining pasar malêm têmtu botên nguciwani, dening tatanipun sarwa badhe sami. Sukur manawi jamanipun sagêd lajêng nocogi.

Krakatau angot. Dr. Neuman mratelakakên, Krakatau angot malih. Inggiling blêdhosanipun ngantos wontên ingkang 1000 m, lêting pambalêdhos namung 2-3 mênit. Ing sisih wetan kawahipun lami katingal kados tembok mubêng. Pulonipun katingal mindhak inggil.

E, dene botên sampun-sampun.

Sinatriya Cirêbon wungu. Jalaran saking kamajênganing jaman, para satriya kasultanan Cirêbon sami ngêdêgakên cooperatie, prêlu kangge ngiyatakên kêkiyatan ingkang sampun pangawak ringkih. Bab punika dipun biyantu dening Mr. Gatot tuwin Tuwan Otto Subrata.

Ebahing dharah Cirêbon ingkang katêmbèn punika mugi widadoa.widadaa.

Pêjah jalaran plêmbungan karèt. Anakipun bangsa Tionghoa ing Majalêngka, pêjah jalaran gorokanipun kalêbêtan plêndhungan [plên...]

--- 1523 ---

[...dhungan] karèt. Plêndhungan sarêng mlêbêt, lare botên sagêd ambêgan. Sagêdipun mêdal sarêng lare sampun pêjah, saking rekadayanipun doktêr.

Punika kenging kangge pèngêt para ingkang kagungan putra alit.

Pulas Jêpan. Ing sapunika Jêpan sampun nyadèni pulas bathik, rêginipun kaot 10 pCt tinimbang rêginipun pulas wêdalan Jêrman.

Sapunika kantun naros pilih pundi. Nanging mênggahing adhakanipun, kabêkta saking jaman, tiyang migatosakên ing bab mirah.

Rêrêgèn jagung mlorot. Rêrêgèn jagung ing Pasuruan 100 gêbung namung f 2.50, rumiyin f 4.- Nanging jalaran têtiyangipun kêpêksa mujudakên arta ingkang botên kenging dipun pasoki jagung, inggih kêpêksa nyade kanthi rêrêgèn samantên.

Samantên awising arta ing jaman sapunika, mila prêlu nglêmpakakên arta.

Seda ing Ngayogya. Kawartosakên, Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, sadhèrèk dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya, seda, jalaran gêrah sampun yuswa. Layon kasarèkakên dhatêng Girilaya, mawi lampah agêng.

Seda dalêm Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna punika, ing karaton Ngayogya nama kecalan sêsêpuh. Mugi ingkang sampun seda rohipun tinampia wontên pangayunaning Pangeran.

Kêcêpêng botên kanyana. Pulisi ing Bêtawi nalika pados katrangan bab prakawis kroyok pintên-pintên panggenan, botên anjarag nyêpêng tiyang ingkang kadakwa prakawis ura-uru kominis kala taun 1926. prakawisinipun sawêg kapriksa.

Tiyang manawi sawêg dhawah apês.

Pès ing Ciamis. Ing Ciamis kasumêrêpan wontên tiyang katrajang sêsakit pès. Salaminipun ingriku sawêg wontên sêsakit pès sapisan punika. Ingkang wajib lajêng nindakakên rêrigên kalayan kêncêng.

Sami-sami sêsakit, pès punika panêmpuhipun adamêl kagèt, lan nyatanipun pancèn inggih mutawatosi. Mila sawarnining rêrigên mugi sagêda kasêmbadan tanpa pambêngan.

Prakawis ing kabudidayan. Pulisi kabudidayan ing laladan Ngayogya ing salêbêtipun 10 wulan gadhah sêrêgan 20.000 prakawis. Tinimbang taun kapêngkêr mindhak 500.

Kawontênaning kabudidayan ing Ngayogya, limrahipun tanêman têbu, dados sêrêganipun inggih bab têbu. Manawi mirid cacahing prakawis ngantos samantên, kintên-kintên inggih namung bangsaning prakawis alit-alit, tiyang nêdha têbu sapanunggilanipun.

Pandung saya majêng. Kantor Singer ing Malang mêntas kêpandungan, durjana ngankatngangkat. brandkast, lajêng dipun risak, isinipun kenging kapêndhêt.

Punika ugi nama satunggiling kamajêngan.

Pakêmpalan Islam enggal. Ing Bogor, Sukabumi tuwin Cianjur, wontên pakêmpalan Islam enggal nama Itichad, sampun gadhah warga 25.000, dhêdhasaripun angêmohi politiek.

Pakêmpalan punika manawi taksih enggal, dhasar kalêrêsan, andadosipun enggal sangêt, nanging widadanipun sok awis-awis. Dene pikangsalipun tumrap tangga têpalih, sok ngalèr-ngidul.

Rancangan klas enggal. Wontên pawartos, pakaryan sêpur tuwin tram ing tanah Jawi tuwin Acèh badhe ngewahi klas, minangka ngandhapakên prabeya. Klas ingkang limrahipun kangge tiyang siti badhe kadadosakên klas 4, kenging dipun ênggèni sawarnining bangsa. Tumrap Sumatra, klas 2 kadadosakên kas 3.

Sampun malih kadadosakên klas 4, sanadyan klas pintên kemawon, ing pangintên dipun ajêngi. Awit bêtahing tiyang namung badhe irid.

Tandha pèngêtan. Wontên pawartos, pakêmpalan ing Bandung nama Vooruit andamêl satunggiling tandha pèngêtan wontên ing rêdi Tangkubanpêrahu; mèngêti murid 3 H.B.S. ing taun kapêngkêr ingkang nuju darmawisata wusana pêjah kenging gas racun wontên ingriku.

Takêran timbangan lan ukuran. Kawartosakên, dening Ijk-kantor ing Bêtawi, matêsi dhumatêng sintên ingkang anggadhahi takêran timbangan lan ukuran ingkang capipun "a" namung kakengingakên kangge dumugi 1 December. Dene salajêngipun kêdah ngangge cap "b".

Mugi sintên ingkang gadhah pirantos wau, migatosakên.

EROPA

[Grafik]

Harold Lloyd awang-awangên. Tuwan Harold Lloyd ingkang misuwur wontên ing film gambar idhup, nalika minggah ing mênara Eifel, Paris, ajrih nglajêngakên, amargi awang-awangên. Mriksanana gambar.

NAGARI WLANDI.

Kapal Johan De wit bidhal dhatêng tanah ngriki. Kapal Johan De wit sampun bidhal saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki, minangka lêlintuning kapal P.C. Hooft, ingkang kabêsmi.

AFRIKA.

ExpeeitieExpeditie. dhatêng Lybea. Expeditie ingkang dipun pangagêngi Mayor Bagnold dhatêng Lybea kidul, lampahipun ngambah sagantên wêdhi ingkang dèrèng nate kasumêrêpan. Ingriku manggih kawruh warni-warni.

--- 1524 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

63.

Sustêr lajêng wicantên dhatêng Tuwan Sumarta: Sarèhning sampeyan punika asli têbih, dipun lilani kapanggih kalihan garwa sampeyan. Nanging sampeyan kêdah mangrêtos, bilih kawontênanipun garwa sampeyan punika sakalangkung mutawatosi, èngêtipun namung dhat-dhatan kemawon, tuwin bilih kêkathahên ginêm, badhe andrawasi.

O, kula trimah badhe sumêrêp kemawon, sustêr. Sasampunipun mungêl makatên, Tuwan Sumarta lajêng ngêtutakên lampahipun sustêr.

Satêngahipun lumampah, Tuwan Sumarta pitakèn malih: Punapa bojo kula botên kenging dipun ajêng-ajêng gêsangipun, sustêr.

Sustêr mangsuli kados ngêngimur: Punika namung gumantung kaparêngipun Pangeran, kawula wajibipun namung ihtiyar. Sampeyan kêdah ngatos-atos, sampun ngantos adamêl rêkaosipun ingkang sakit, lah ing zaal 4B punika panggenanipun. Môngga kula aturi malêbêt. Sustêr ngêntosi wontên ing jawi kalihan bisik-bisik: Alon-alon

Tuwan Sumarta lajêng malêbêt, lampahipun jinjit, murugi patilêmanipun Nyonyah Dhorah, ing ngriku Nyonyah Dhorah katingal gumalinting wontên ing patilêman. Tuwan Sumarta nalika nyumêrêpi wujudipun Nyonyah Dhorah, sakalangkung tumratab ing manah, tilêmipun galangsaran, mripat sakalangkung anggêrong. Napasipun katingal lumampah pêgat-pêgat, dados tôndha bilih taksih gêsang.

Tuwan Sumarta ngadêg anjêgrêg wontên sandhingipun, tanpa kêndhat tansah nyawang rainipun ingkang èstri. Ing ngriku Tuwan Sumarta dipun cêlaki sustêr sarta dipun jawil tuwin dipun cariyosi: Kèndêl kemawon, punika salêbêtipun kantu.

Tuwan Sumarta kados tiyang bingung, sêdyanipun badhe têtulung, nanging botên sagêd. Wusana Nyonyah Dhorah byar ngêlèkakên mripat, lajêng mèsêm kalihan ngacungakên tangan tumuju dhatêng Tuwan Sumarta.

Tuwan Sumarta lajêng nyandhak tanganipun Nyonyah Dhorah saha lajêng jèngkèng tuwin mungêl satêngah anjêrit: O, Dhorah, bojoku. Aku Dhorah, kang têka, arêp mêthuk kowe.

Nyonyah Dhorah ngêlus-êlus ingkang jalêr kalihan tanganipun ingkang sasisih, wusana wicantên pêgat-pêgat: O, guru lakiku, kang tak trêsnani. Wis suwe anggonku ngapura dosamu. Aku wis krasa yèn kowe arêp têka, ya mung kowe kang tak êntèni, prêlu arêp awèh slamêt ninggal kowe.

Dhorah, Dhorèh,Dhorah. kowe aja lunga. Aku aja kotinggal manèh, ya. Sesuk takjak mulih. Mêngko tak wêlingake kreta. Dhuh, Dhorah, bojoku, saiki aku kêtêmu kowe manèh.

Bangêt sukurku mênyang Pangeran, dene aku wis pinarêngake kêtêmu kowe manèh, Wim. Nanging aku kêpêksa arêp andhisiki, ninggal kowe. Besuk kowe tak êntèni ana ngakerat. O, Wim, aku kudu pêpisahan, awit mung pêpisahan mangkene iki kang bisa ngapenakake lakuku. Wim, dosaku ngapuranên, ya.

O, aku Dhorah kang sugih dosa mênyang kowe. Kowe ora duwe dosa mênyang aku. Saiki kowe aja ninggal aku. Aku êmoh kotinggal, Dhorah.

Sing sabar, Wim, sakabèhing kawula...

Dumugi ngriku, wicantênipun Nyonyah Dhorah pêdhot, amargi botên èngêt malih. Tuwan Sumarta nolèh, madosi sustêr, sasmita nêdha tulung. Sustêr ingkang wontên wingkingipun mandêng dhatêng Tuwan Sumarta kanthi karônta-rônta ing manah. Sarêng sustêr sumêrêp Nyonyah Dhorah botên èngêt malih, lajêng nyasmitani dhatêng Tuwan Sumarta, supados mêdal.

Tuwan Sumarta lajêng ngambungi tanganipun Nyonyah Dhorah kalihan sêsambat: Dhorah, aku gawanên pisan. Apa prêluku urip ana ing donya kene, yèn kotinggal.

Nyonyah Dhorah lajêng mêlèk malih, wusana wicantên: Wis, kariya slamêt, Wim, aku...

Dhorah.

Wis têkan janjiku, kariya slamêt, Wim, Kowe-uripa-kanthi tulusing ati. Anakmu-opènana, pitayaa-mênyang Pangeran. Kari-slamêt, Wim-Dhorah èlingana...

Dumugi ngriku, lap, Nyonyah Dhorah lajêng ngêrêmakên mripat ing salami-laminipun. Mêmêlas.

Tuwan Sumarta nyawang kanthi sumêdhot. Botên dangu lajêng jêlèh-jêlèh: Dhuh, Dhorah, Dhorah. O, sustêr, kula aturi nulungi. Pitulungan sampeyan badhe kula èngêti ing salami-laminipun.

Sustêr lajêng nyêlaki, angêmèk-mèki tangan tuwin dhadhanipun Nyonyah Dhorah, wusana gèdhèg-gèdhèg kalihan wicantên: Kaparênging Pangeran sampun makatên, panggalih sampeyan ingkang santosa.

Sustêr, kula aturi mitulungi.

Ing ngriki sampun botên wontên pitulungan malih.

Punapa bojo kula sampun...

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]