Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1938, #1667
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1509.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1510.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1511.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1512.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1513.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1514.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1515.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1516.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1517.

Ôngka 80, Rê Pn, 10 Ruwah Jimawal 1869, 5 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

[Sudah diketik pada Kajawèn no. 20, 10 Maart 1939]

--- [2017] ---

Ôngka 80, Rê Pn, 10 Ruwah Jimawal 1869, 5 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: lèpèn Donau - Mr. Dr. R. Supama - Bab Sêrat Rama - Lotre - Kawontênan Sajawining Praja - Lêlampahanipun Radèn Wôngsadinama - Bab Polêk Almênak - Bale Pustaka, Kabar Warni-warni, Wêwaosan, Jagading Wanita.

Lèpèn Donau

[Grafik]

Sêsawangan ing lèpèn Donau, kitha Pressbrug laladan nagari Tsjechoslawakije.

--- 2018 ---

Mr. Dr. R. Supama

Kadosdene ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ngriki kanthi sagambaripun pisan, manawi panjênênganipun Mr. Dr. R. Supama, pangarsa landrat ing kitha Purwarêja, kaangkat dados mahaguru ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi, minôngka gêgêntosipun Prof. Ter Haar, ingkang badhe pêrlop.

Ing sisih punika gambar nalika panjênênganipun badhe pêpisahan kalihan para kônca ing Purwarêja, inggih punika para warganing pakêmpalan Debating-club Persoedaraan di Poerworejo, pakêmpalan wau ingkang dipun adani wiwit panjênênganipun wontên Purwarêja.

Wusana kula sadaya andhèrèk mêmuji, mugi-mugi panjênênganipun anggèning wontên Bêtawi, pinaringan nugraha langkung mulya malih katimbang wontên ing Purwarêja, sarta pakêmpalan dhêbating-klêp ingkang sampun umur mèh 6 taun, ingkang para warganipun prasasat sawungipun nagari Purwarêja, mugi sampun ngantos sami kêmba katilar sêsêpuhipun.

[Grafik]

Kabaripun pêpanggihan wau, sanajan namung priyantun 19 tur tumindakipun pista tanpa lados, ewasamantên ngèdap-èdapakên sangêt, botên namung ing papan pêpanggihan kemawon ingkang rame, sawêg omrupêripun S.R.V. kemawon tumut upyêk, jalaran mawi dipun intêrlokal punapa.

K S.

Bab Sêrat Rama

Kawêdharakên dhatêng R. Arjawiraga, wontên ing Radio Nirom II golflengte 190 ing Batawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79

Lêlampahan ing cariyos ingkang sae, punika manawi kasêmbadan kalihan gêsang êcaking ukara, ngantos sagêd ngirup dhatêng raosipun ingkang maos, kados-kados tumuta kalêbêt wontên ing jagading sêrat ingkang dipun waos. Môngka tupraptumrap. ing Sêrat Rama raos ingkang kados makatên punika pinanggih adhakan wontênipun, ing kalaning bingah, sagêd anjujulakên manah, ing kalaning susah, sok katut nètèsakên êluh, malah manawi nuju pêrangan, tanganipun ingkang maos ngantos tumut ngêpêl-ngêpêl.

Para miyarsa, saupami kula lajêng-lajêng tansah ngucapakên dhatêng saening isinipun Sêrat Rama, dangu-dangu kula rumaos rikuh piyambak. Ing sapunika prayogi santun nyariyosakên ing bab ingkang lèrèg dhatêng kabatosan.

--- 2019 ---

Ingkang kacariyos ing Sêrat Rama sabibaring pêrang Ngalêngka, Bathara Rama kondur dhatêng Ngayodya, nitih wimana pinanggul para danawa mêdal ing gêgana (èmpêripun manawi ing jaman sapunika bokmanawi motor mabur), ingkang andhèrèk nunggil sawimana: garwa, Prabu Sugriwa tuwin Prabu Wibisana. Ing ngriku Bathara Rama ing samargi-margi tansah mriksani patilasan-patilasan ingkang ing ngajêng dipun ambah, sinambi abawa raos. Bab punika wontên ungêl-ungêlan ingkang kula pêthik ing ngriki makatên:

[Dhandhanggula]

mangu-mangu mawa ngandika ris / Narendra Ragusutawijaya / pandhita iki karsane / suci ing dhèwèkipun / karatone mulya sayêkti / marmane ta pinasang / nèng pucuking gunung / wus kudu suci kewala / nora nêdya sêsukêr aja nèmpèli / yayi mungguh manira //

nanging rêbut sênêng iku yayi / yèn ing ingsun lumaku satitah / ing bathara sayêktine / yèn tinitah wak ingsun / nganggo badan wadhag puniki / yèn ingsun alumuha / ing sêsukêripun / pan dudu Bathara Endra / jisim alus yèn sira yayi lan mami / tan kêna singgahana //

yèn ajana sêsukêre yayi / aran suci iya mangsanaa / iya iku timbangane / aran wadhag lan alus / ingsun kumbah wadhage yayi / sun wêwêjêg supaya / bisa mor lan alus / karia aran satunggal / pan si wadhag yèn bêrsih linimput ing sih / mung si alus kang ana //

jaman loro pan maksih cinangking / nora nimpang titahing bathara / yèn kinudu alus bae / wus tan kêna winuwus / ing purwane yayi ing nguni / jêr ora ana aran / wadhag lawan alus / gêlare tinitah ana / ya pagene yayi kudu dèn singgahi / dêstun lumuh kangelan //

kang parentah-pinarentah kaki / iya yayi panggawening wadhag / pan uwus kinarsakake / balik ta kinèn iku / angadili padha dumadi / yèn bênêr pira-pira / kautamanipun / mangkono bae yèn ingwang / lah ing kono rêbutên ingkang prayogi / yayi Prabu Ngalêngka //

Para miyarsa, pangandikanipun Bathara Ramawijaya ingkang samantên wau, kados sampun botên prêlu dipun suraos malih, awit kajêngipun sampun katingal, saha ing ngriku sampun awujud wêwarah ingkang prasaja sangêt, malah bokmanawi tumraping para ahli ingkang sampun kêrêp angraosi dhatêng raos kabatosan, sampun botên kêkilapan.

Nanging sarèhning sampun dados kalimrahan, sêsorah ingatasing kabatosan ingkang prasaja tuwin gampil wau adhakan dipun sapèlèkakên, saking botên marêm manawi botên muluk, mila inggih prayogi dipun suraos sakêdhik.

Ing sapunika mêndhêt ingkang gampil kemawon, ingkang dipun wastani ngumbah wadhag tuwin alus. Tamtunipun tumraping para ahli kabatosan, tuwin tatananipun ing wulangan, sampun botên kêkirangan matoning pangumbah wau. Namung manawi mirid pangandikanipun Bathara Rama, anggèning ngrumaosi asarira wadhag, pangumbahipun wau sajakipun inggih prasaja, dene kajênging ngumbah ingkang prasaja, punika tumindak rêrêsik ingkang tanpa kèndêl, ingkang kajêngipun ngosokwangsul kalihan patrap kèndêl. Iba ta rêkaosipun tiyang umbah-umbah tanpa kèndêl punika. Môngka saupami anggènipun umbah-umbah wau rumaos rêsik, atêgês [atê...]

--- [2020] ---

[...gês] taksih rêgêd. Na, manawi makatên wêwarah ingkang prasaja wau sajatosipun inggih botên prasaja.

Para miyarsa, ing ngriki kula munggêl atur kula, murih botên kêpanjang-panjangipun babagan kabatosan. Kula amangsuli bab Sêrat Rama. Mênggahing jêmbaring suraosipun Sêrat Rama, punika kenging dipun gêrba tanpa watês, nanging wontên sawênèhing kapitadosan, cariyos ingkang pinanggih ing pawayangan, punika pangringkêsipun malah sagêd mèpèt wontên ing sarira piyambak, mila sintên ingkang botên nguningani suraosing Sêrat Rama, punika nama dèrèng mrangguli sêrat ingkang dipun wastani sae, tuwin dèrèng kêpêthuk ing sêrat ingkang jêmbaripun tanpa watês. Punika punapa botên dados satunggiling kapitunan.

Makatên malih, mênggahing gampilipun, Sêrat Rama punika pêpindhanipun kenging kangge pangilon, upaminipun tumrap sintêna ingkang dangu botên srawungan kalihan sêrat Jawi ingkang dipun wastani sae, punika manawi ambiyak Sêrat Rama tamtu malêngak, dening nyumêrêpi têtêmbungan tuwin ukara ingkang dipun wastani sae tuwin pantês tinelad.

Wusana nyumanggakakên. Nuwun.

Loterij

[Grafik]

--- 2021 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Kawontênan ing Eropah.

Botên saèstu pêrang.

Kasamaraning ngakathah badhe wontênipun pêrang ing Eropah sampun ical, dening wontên wartos, bilih mungkaring manahipun ingkang sami badhe pasulayan sagêd sirêp. Sukur

Ing bab gêgayutanipun kalihan kawontênan wau, kados prayogi manawi ing ngriki ngandharakên ing bab babadipun bôngsa Tsjech tuwin bôngsa Slowaak, awit bôngsa punika ingkang tansah kêgayut ing ucap.

Babadipun bôngsa Tsjech.

Adêgipun praja Tsjechoslowakije sawêg kala sabibar pêrang donya. Ingkang dados bakuning bôngsa, inggih punika bôngsa Tsjech, cacahipun 6 1/2 yuta, tuwin bôngsa Slowaak 2 yuta. Kajawi punika kêtumpangan bôngsa Honggar 750.000, bôngsa Jêrman 3 yuta, bôngsa Toctheine satêngah yuta, tuwin bôngsa Pool kintên-kintên 70.000. Dados gunggunging têtiyangipun ing ngriku sadaya wontên 14 yuta. Adêging Tsjechoslowakije punika kawêwahan laladan asli saking Oostenrijk-Hongarije ing kala rumiyin. Dene ingkang katingal piyambak, golonganing bôngsa Tsjech.

Bôngsa Tsjech punika kalêbêt golongan bôngsa Slaaf, kadosdene bôngsa Polên tuwin bôngsa Rus. Dene bôngsa Slaaf wau aslinipun saking laladan lèpèn Dnjepr, tanah Ruslan. Pangrêbdanipun sarana andhêsêg bôngsa Germaan mangilèn, kala ing abad 4, nanging bôngsa Germaan wau botên kêdhêsêg sadaya.

Watês-watêsing laladanipun bôngsa Tsjech wau botên sagêd nêtêpakên gumathok. Dene tumrap bôngsa Jêrman ingkang sapunika pinanggih ing Bohemen tuwin Moravie punika wontênipun sawêg kala ing abad 9, sarêng sabibaring pêrang donya ugi katêdha malêbêt dhatêng praja Tsjech.

Wêwatêkaning bôngsa Tsjech.

Bôngsa Tsjech punika sêtya sangêt dhatêng kabangsan, tansah ngèngêti dhatêng kaprawiraning lêluhuripun, kangge tuladha. Watakipun brangasan, manawi bangsanipun dipun cacad, lajêng enggal napsunipun. Nagarinipun dipun anggêp dados bêbètèng kamardikaning bôngsa Slaaf. Umumipun bôngsa Slaaf punika gêthing dhatêng bôngsa Jêrman, kabêkta saking tabêting cêcariyosan tindaking raja-raja têdhak Habsburger. Bôngsa Tsjech punika wêkêl sangêt, pintêr tuwin kêncêng ing tekad.

Bôngsa Tsjech mêmêngsahan kalihan bôngsa Jêrman.

Kala ing taun 1085, ing Bohemen madêg karajan, ingkang taksih kêbawah dhatêng Jêrman, saha raja-raja Bohemen tansah rekadaya amrih ngrêbdaning daya Jêrman, sarana suka panguwaos ingkang langkung

--- 2022 ---

dhatêng bôngsa Jêrman. Ingkang makatên punika nuwuhakên kasujananipun bôngsa Tsjech, diwasanipun lajêng dados gêgêthingan.

Botên nama anèh bilih bôngsa Tsjech punika majêng dhatêng sawarnining damêl, awit pancèn sampun anggadhahi dhêdhasar, mila sanadyan kêdhêsêka ing sabab ingkang kados punapa kemawon, inggih dipun tanggulangi.

[Grafik]

Gambar nagari Tsjechoslowakije punapadene nagari-nagari sakiwatêngênipun.

Sarêng ngancik abad 19, bôngsa Tsjech wau gumregah yêktos, ebah-ebahanipun saya kiyat, ngantos adamêl kasamaranipun bôngsa Jêrman ing Bohemen. Ing ngriku lajêng wontên usul supados tanah Ostênrik dipun perang-perang, nanging usul wau botên dipun parêngakên ing nata, makatên ugi bôngsa Tsjech dèrèng kiyat yêktos. Ing kala taun 1862 pangagêng bôngsa Tsjech damêl pakêmpalan ulah raga ingkang mawi wulangan kados prajurit. Ing ngriku lajêng nênangi dhatêng raos kaprajuritan, nanging dèrèng mawi dêdamêl.

Sarêng jamanipun pêrang donya, pangajênging bôngsa Tsjech nama Masarijk tuwin Benesj sami oncad saking praja angêmori nagari ingkang anggolong dhatêng Inggris, prêlu ngangkah supados Tsjech dipun sukani kamardikan. Dumugining damêl, bôngsa Tsjech sami tumut pêrang anggolong dhatêng Inggris, Prancis tuwin Ruslan.

Gêntos kacariyos, kala ing taun 1892 bôngsa Magyaar malêbêt dhatêng laladan Slowaak, lajêng amarentah, saha salajêngipun dados laladan Honggari, dados lajêng misah kalihan bônsa Tsjech. Nanging bôngsa Slowaak wau botên majêng kados bôngsa Tsjech. Namung diwasanipun, sarêng paprangan donya, pangajênging golongan kalih wau saiyêg badhe ngadêgakên nagari, saha dipun sêmbadani ing nagari sanès, wusana kala tanggal 28 Oktobêr 1918 kêlampahan ngadêg, ingkang dados presidhèn Masarijk. Salajêngipun ingkang sumilih Dr. Benesj.

--- 2023 ---

Rekadayanipun parentah.

Miturut undhang-undhang praja, têtiyang isining praja, punika kêdah sabôngsa, môngka manawi mirid katrangan ing nginggil, nagari Tsjechoslowakije punika isi bôngsa warni-warni. Ingkang makatên wau parentah TsechslokijeTsjechoslowakije. lajêng arekadaya sagêda kasêmbadan, adêging rakyat namung sabôngsa. Dene tumindakipun, sawarnining padamêlan kêdah dipun awaki ing bôngsa Tsjech, makatên ugi basanipun. Sanadyan tindak wau rêkaos, saha damêl botên kêduginipun golongan sanès, nanging mêksa kasêmbadan, dayanipun bôngsa Tsjech sagêd andhêsêg Jêrman.

Bôngsa Jêrman.

Tumraping bôngsa Jêrman, punika kêncênging tekad kawon kalihan bôngsa Tsjech, mila dangu-dangu lajêng kawon daya, lare-lare bôngsa Jêrman ingkang sinau ing pamulangan, inggih lajêng kêdayan dhêdhasar Tsjechoslowakije, makatên ugi tumrap daya padagangan, inggih kasoran. Lêlampahan ingkang kados makatên wau nyulayani kalihan kajêngipun Henlein anggèning badhe manunggilakên bôngsa Jêrman, Sudeten kalihan Jêrman. Tumraping golongan Jêrman ingkang rahipun asrêp, malah amalangi dhatêng kajêngipun Henlein.

Golonganipun Henlein punika Jêrman, Sudeten, adêgipun kala ing taun 1933. Ing ngajêng gadhah sêdya badhe mardikakakên golonganipun, nanging taksih gandhèng kalihan Tsjechoslowakije. Nanging sarêng Ostênrik kêrêgêm Hitler, lajêng anggingsirakên manahipun Henlein, nêdya dados satunggal kalihan Jêrman. Malah tumrapipun Jêrman lajêng katingal saya ngegla, anganggêp bilih Tsjechoslowakije punika dados pêpalang anggèning Jêrman badhe mêlar ngidul ngetan. Dados rakêtipun, Hitler dhatêng Henlein amêngku kajêng wigatos.

[Iklan]

Bôngsa sanès.

Sayêktosipun ing bab babagan bôngsa ingkang manggèn ing sitining liyan, punika tumraping Eropah wetan, pinanggih ing pundi-pundi, wiwit saking Finland ngantos dumugi Turki. Tuwin pinanggihipun sampun sairib kemawon kalihan kawontênan ing Tsjechoslowakije. Malah manawi dipun manah ingkang adil, tumrap têtiyang ngamônca ingkang manggèn ing Tsjechoslowakije, punika taksih langkung sakeca tinimbang wontên ing nagari sanèsipun.

--- 2024 ---

Antêp ingkang andugèkakên sêdya

Lêlampahanipun Radèn Wôngsa Dinama

Kala jaman sèkêt taun kêpêngkêr, ing kampung Grêjèn Surakarta, wontên abdi dalêm Bêkêl undhagi nama Trunakêrti. Bêkêl Trunakêrti anggèning jêjodhoan rukun, jalêr èstri sami majêng ing damêl. Tumrap Bêkêl Trunakêrti, kajawi wêkêl dhatêng wajib padamêlan nagari, manawi wontên ing griya ugi thak-thik nyambut damêl botên wontên kèndêlipun, sawarnining prabot griya bangsaning kajêng sami dêdamêlanipun piyambak. Mila anggèning gêgriya Bêkêl Trunakêrti katingal nêngsêmakên, dados pêpinginaning akathah.

[Grafik]

Radèn Wôngsa Dinama sarimbit.

Dene Bok Bêkêl Trunakêrti, punika turun saking Lawiyan, ingkang dumugi sapunika kampung Lawiyan punika dados dununging panggaotan bathik agêng. Dados Bok Bêkêl Trunakêrti punika pancèn asli turuning sudagar sinjang.

Kala ing jaman samantên, limrah para anèm punika, sanadyan sampun dumugining jêjodhoan taksih kinêmulan ing tiyang sêpuh. Dene Bêkêl Trunakêrti ing kala punika taksih tumut tiyang sêpuhipun wontên ing kampung Grêjèn wau. Dados Bok Bêkêl Trunakêrti punika ngèngèr marasêpuh.

Ing kala jaman samantên, ing kampung Grêjèn punika panggenaning têtiyang ngabotohan, rintên dalu rug-linurug botên wontên kèndêlipun. Dene Bêkêl Trunakêrti, sanadyan manggèn wontên kampung pabotohan, nanging têbih kêtularan dhatêng tindak wau, awit tiyang kêkalih wau sami mungkul ing damêl.

Kados namung minôngka jalaran, ing satunggaling dintên, Bok Bêkêl Trunakêrti dipun purih nyêpêngakên kêrtos ing marasêpuh èstri. Ing bab punika kamirêngan ing tiyang sêpuhipun jalêr (Mas Ngabèi Amongrêja), Bok Bêkêl Trunakêrti dipun srêngêni kathah-kathah. Môngka sajatosipun, Bok Bêkêl Trunakêrti punika botên rêmên babar pisan dhatêng ngabotohan, inggih sawêg sapisan punika jalaran saking pakèning marasêpuh.

Bok Bêkêl Trunakêrti sarêng tampi srêngêning tiyang sêpuhipun wau, manahipun nalôngsa sangêt, saha lajêng gumregah nêdya nyambut damêl, inggih punika nyambut damêl babagan bathik. Nanging ing sadèrèngipun [sadèrèngi...]

--- [2025] ---

[...pun] kalampahan, Bok Bêkêl lajêng kataman sakit rêkaos. Wah, ing kala punika nuju wawrat pitung wulan. Rahayu, jabang bayi ing kandhutan wilujêng, saha dumugining wanci, lair mêdal jalêr kanthi wilujêng, lare dipun namakakên: Sapardi, mirid saking lairipun ing tanggal 28 wulan Sapar taun Jimawal 1899.

Nyarêngi kala mangsanipun utawi miturut ujar gugon tuhon, pun Sapardi ingkang ambêkta bêgja, sarêng umur 5 taun, bapakipun dipun wisudha dados abdi dalêm panèwu kalang, kaparingan nama Mas Ngabèi Priya Margasa.

Badanipun Sapardi saras, longgor, saha sawancining sêkolah, inggih dipun sêkolahakên. Kados sampun limrah, êmbah punika akasok trêsnanipun dhatêng putu, mila Sapardi inggih sangêt dipun eman-eman ing êmbahipun, saha lajêng kapêndhêt tumut êmbahipun wontên ing kampung Kêmlayan.

Wontên paribasan: wêlas tanpa alis (wêlas wêkasan lalis), punika pinanggih wontên ing lampahanipun Sapardi nalika tumut êmbahipun wau, namung sarwa dipun uthun-uthun, dipun uja ing kasênêngan, mila sanadyan taksih alit, manawi ngunthut kêrtu sampun sagêt rapêt, panyêpêngipun krakêt.

Sarêng tiyang sêpuhipun sumêrêp piyambak dhatêng lêlampahan ingkang kados makatên wau, ngraos botên kêdugi, Sapardi lajêng dipun têdha wangsul mantuk dhatêng griyanipun ing Grêjèn. Ing ngriku Sapardi lajêng dipun ajari nyambut damêl.

Kala punika panggaotanipun Bok Bèi Priya Margasa sampun tumindak sae, Sapardi dipun trapi ing damêl awrat, kenging dipun wastani sadintên muput nyambut damêl tanpa kèndêl.

Sapardi pancèn dhêdhasar lare rêmên nyambut damêl, sarêng sampun tumindak, katingal ing damêlipun, mênggah padamêlanipun: enjing tangi tilêm bibar adus, tumut ngrencangi nyadhongi garapan, salajêngipun nyuwèki montên, nglêmpiti wade, ngêpak, ngintunakên pak-pakan dhatêng gudhang sêpur, kala-kala kapurih nawèkakên dagangan. Jam satunggal sabibaring nêdha siyang dumugi jam tiga anggarisi montên udhêng utawi ciyut. Anggarisi punika kapetang angsal epahan mirunggan, artanipun lajêng kangge gembolan piyambak.

Dumugining umur 15 taun, manahipun thukul badhe sinau nyambi nyambut damêl, inggih punika: ngêrok, ngêcap, ngloyor, ngêcap mêdêl, anggirah, nyoga tuwin anglorot, punika sami dipun caki sadaya. Sarêng sampun angsal sataun, Sapardi kapurih anggêmèni barang-barang ingkang botên kêcacah, kados ta: pocokan montên, rêgêdan lilin, lilin kêrokan, lilin girahan, awu sambi, karung pathi, ngêcusi latu pawon, arêngipun kapurih nglêmpakakên. Sadaya wau kapurih nyade, pêpajênganipun dipun kalêmpakna, ing benjing dipun anggea pawitan nyambut damêl. Botên watawis dangu Sapardi sampun anggadhahi arta celengan f. 500,- asli saking anggènipun anggêmèni wau. Ing ngriku lajêng wiwit kapurih nindakakên padamêlan bathik.

Sarêng umur 16 taun, Sapardi dipun rabèkakên angsal anakipun Mas Kaji Bakri ing Kauman Surakarta dipun sukani nama sêpuh Wôngsa Dinama. Badhe Kasambêtan.

--- [2026] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Polêk Almênak Bale Pustaka.

V.

Garèng : Wis, Truk, banjurna caritamu, apa manèh isine polêk, Almênak wêton Bale Pustaka, sing kok anggêp bêcik lan migunani tumrap wong urip.

[Grafik]

Petruk : Wah, sing prêlu-prêlu mono isih sasayahe kae, Kang Garèng, kaya ta: pranatan anakaning pagadhean.

Garèng : Kanggo aku ora prêlu, Truk. Kang kapisan: wong anèh bangêt, barang kuwi anggêr sapisan wis tau di lêbokake nyang gadhèn, lumrahe iya sok banjur cumbu, sabên-sabên kêpengin ditêrake tirah nyang gone pak gêdhe jarene, mulane tak tobatake têmênan aku anggadhèkake kuwi.

Petruk : Hêm, barang sok banjur mlêbu mêtu-mlêbu mêtu nyang gadhean kuwi rak saka kurang pangati-atine bae, Kang Garèng, yakuwi mangkene kae upamane: barang dilêbokake: blêdhêng, barêng blanjan dijupuk: kluthuk. Môngka blanjane mung-mungan, kok banjur kêcowok kanggo nêbus gadhene mau, mêsthine dhuwit sing kanggo blônja sabên dina kuwi banjur kurang: plompong kang anjalari barange banjur kêpêksa dilêbokake manèh: slênthêm. Mêngkono sabanjure, dadi iya mèmpêr yèn si barang mau banjur kayadene cumbu: mlêbu mêtu-mlêbu mêtu nyang gone pak gêdhe. Nanging wong sing ngrêti nyang pranatane pagadhean, panêbuse mêsthi ora ngono. Nanging kanthi dicicil sabisane, lo, rak mayar, ta. Ewasamono aku mèlu bungah, Kang Garèng, dene kowe moh bangêt anggadhèkake kuwi.

Garèng : Iya, Truk, aku pancèn êmoh têmênan saikine anggadhèkake barang-barangku kuwi, ngisin-isini, nistha, wong barang-barangku... ora ana sing payu gadhene.

Petruk : We hla cilaka, le ora gêlêm anggadhèkake kuwi, tak arani saka

--- [2027] ---

prawirane, jêbul barang-barange wis ora ana sing payu gadhene. Ora, Kang Garèng, anggonmu ngandhakake mau, kok nganggo kang kapisan, mêsthine iya ana sabab kang kapindho.

Garèng : Mêsthi, Truk, sabab kang kapindho, aku ora prêlu mêruhi pranataning pagadhean kuwi, jalaran para punggawa gadhe iku kabèh abdine rama kangjêng gubêrnêmèn, dadi: tanggung, mêsthi kêna diprêcaya, ora tau ngunthêt.

[Iklan]

Petruk : Lo, kene ora duwe gagasan, yèn wong anggadhèkake kuwi sok bisa diblithuk, rambut pinara sêlusin, ora babar pisan. Nanging yèn wong ngrêti sapira anakane barang sing gadhène samene rupiyah ing dalêm samene dina, samene sasi lan sapiturute, panêbuse rak banjur bisa ngêpas: samene, rak bisa rikat tampane bali barange, ta. Sabab punggawane gadhe kono mung kèri nocogake bae. Balik pangetunge mung dipasrahake karo punggawane kono bae, iya bênêr kowe ora bakal diblithuk, nanging rak bisa rèwèl, ta. Sabab, bisa uga kowe banjur anjêngèk: Lo, anakane kok akèh têmên,...

Garèng : Wong ora bakal anjêngèk, Truk, sabab anakane pagadhean kuwi sanyatane pancèn ora akèh. Utang sarupiyah, sasasi mung bayar anakan patang sèn, dadi anakane sataun kuwi 12 X 4 sèn, alias 48%, kacèke rak ora akèh karo yèn kene ngutangi nyang kantor pos (nyèlèngi ing kantor pos) mung ana 46%, sabab ing dalêm sarupiyahe, kene olèh anakan 2%...

Petruk : Wayah, wayah, kok banjur sing ora-ora mêngkono sing dirêmbug. Wis, wis, takbanjurne bae manèh katêranganaku. Ana

--- [2028] ---

manèh isine polêk almênak wêton Bale Pustaka, yaiku: pranatan sakolahan, kaya ta: ing bab bayarane siji-sijining sakolahan, utawa pranataning tulagê kanggo anak.

Garèng : Kanggone aku ora prêlu babar pisan, anakku mung siji Si Poniyêm, ora prêlu tak sakolahake, mundhak,... layang-layangan.

Petruk : We hla cilaka, pikirane kathik kolot têmên mêngkono. Tak kandhani, Kang Garèng, jamane saiki kiyi wis beda bangêt karo jaman biyèn. Mêngkono uga karêpe alaki rabi kuwi saiki iya wis beda bangêt karo jaman biyèn. Dhèk biyèn kêna-kêna bae, yèn saupama ana wong lanang arêp rabi upamane, karêpe mung kanggo awake dhewe bae, mulane anggêre wong wadon lumayan rupane, bisa wêdhak pupur, bisa ngliwêt, bisa ngladèni wong lanang, wis cukup. Dadi wong rabi ing jaman biyèn kuwi, mung rabi kanggo awake dhewe bae. Seje karo wong rabi ing jaman saiki, rabine kuwi kêna diunèkake: rabi kanggo sanak sadulure, kanggo para mitrane, lan kanggo para sêsrawungane. Bisane nyukupi kabutuhane sing sapirang-pirang kuwi mau, wong wadon iya kudu bisa iki, bisa ika, bisa rupa-rupa cêkake. Mulane bocah wadon iya kudu sakolah, prêlune iya supaya pintêr urip bêbarêngan karo sing lanang kuwi mau.

Garèng : Wayah, dene kêrêp bae aku ngalami wong wadon pintêr, pintêr etung, pintêr nulis, pintêr cara Lônda, pintêr miano, malah pintêr... dhangsah barang, saka ngêntèkke le sakolah, dene bisane kumpul kok mung karo wong-wong sing padha drajate utawa luwih bae. Dene sanak sadulur utawa para mitrane, apa manèh sing padha ora duwe, padha nyingkiri kabèh, jarene padha ewa turut usuk.

Petruk : Nèk kaya ngono iya dudu wong wadon pintêr, nanging wong wadon sing tutug sakolahe. Sing diarani wong wadon pintêr kuwi, iya wong wadon kang bisa sêsrawungan sadhengah uwong, bisa tansah gawe lêgane wong lanang, lan sapadhane, nanging kanthi nêtêpi wadone. Banjur bocah wadon dikon sakolah, kuwi prêlune supaya bisa ngudi sawarnaning kawruh, kang ing têmbe bisa anggampangake pangudine nyang kabutuhane urip sêsrawungan ana ing dunyane dhewe kiyi. Dadi sanadyan tutug sakolahe, yèn ora ngudi, iya durung karuan bisa sêsrawungane, bisa karo sanak sadulur, bisa gawe lêganing wong lanang, lan sapiturute. Nanging yèn gêlêm ngudi, kok sakolahe tutug, wah, bisane kaya ngono mau, iya kanthi gampang bangêt, awit wong iya wis kêdhasaran kawruh pirang-pirang mau. Mulane bocah disakolahake sing mêmpêng bangêt, ora prêduli lanang utawa wadon, kuwi prêlu bangêt. Amrih bisane kalêgan atine, sing dadi wong tuwa prêlu kudu mêruhi pranataning sakolahan. Mulane tuku polêk almênak wêton Bale Pustana kuwi tumrap umum prêlu bangêt. Kajaba kabèh mau, isih akèh manèh isine sing prêlu lan maedahi. Nanging ing sarèhne aku sêlak pangkat nyang Surabaya, rêmbugane tak punggêl samene bae, kèri slamêt, Kang Garèng.

--- 2029 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Karawitan Jawi. Ajênging golongan wanita dhatêng babagan karawitan saya katingal. Golonganing kênya ing Surakarta kathah ingkang sampun sagêd nabuh, malah kêlampahan sampun kacobi kasiyarakên wontên ing zender Sri, saking dalêm Kapatihan, kala kalêrês tingalan dalêm G.B.R.A.A. Joyonêgoro. Panabuhipun namung kantun dipun awat-awati ing abdi dalêm niyaga.

Sèn enggal ing Surakarta. Awit saking kaparêngipun parentah, benjing wêkasaning wulan October punika, badhe miji Tuwan L.D. Baron van der Feltz, administrateur ing generaal thesaurier, kabantokakên dhatêng Gupêrnur Surakarta tuwin Ngayogyakarta pêrlu ngrigênakên sumiyaring arta sèn enggal tuwin ngudi lêbêting arta sèn lami.

Golongan Waterstaat. Ir. Pramuji, wiwit tanggal 30 Augustus 1938 katêtêpakên nyambutdamêl wontên ing Hoofdkantoor ing Bandung, ing Dientstonderdeel Weg en Werken afdeeling Constructie en Bruggen.

Baita kaji. Sampun nate kawartosakên ing bab sêdyaning Muhammadiyah anggèning badhe ngawontênakên baita piyambak badhe minggah kaji. Saupami kêlampahan, waragadipun minggah kaji sagêd suda 25%. Namung sagêdipun kêlampahan manawi sampun gadhah arta f 500.000.-. Miturut wartos ing sapunika anggèning kêklêmpak sampun angsal f 50.000.-, arta katitipakên O.L. Mij. Bumi Putra.

Golongan Pakaryan Post. Katêtêpakên dados postklerk klas 1; ing Bandung Mas Musrip, ing Batavia Centrum, R.M. Suwito, ing Bêtawi, Daeng Jaffar, ing Batavia Centrum, Tuwan Undur, ing Menado, Tuwan Lo Eng Tjio, tuwin ing Ngayogya, Tuwan Ruslan, sami postklerk.

Nglêmpakakên prangko. Ing wêkdal punika wontên tindak nglêmpakakên prangko sampun kangge, saya malih tumrap prangko pèngêtan jumênêngan, langkung kawigatosakên, tumrap pêrluning "Stichting Centrale Vereeniging tot bestrijding der Tuberculose in Ned. Indie". Miturut wartos, tumindakipun kalangkung majêng.

Jaarmarkt Surabaya. Malêm Sabtu kêpêngkêr Jaarmarkt Surabaya sampun kabikak dening Burgermeester Surabaya, ingkang minangka pangarsaning Jaarmarkt Vereeniging, Gupêrnur Jawi Wetan aparing wilujêng atas asma dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana.

Inggah-inggahan golongan pangrèh praja. M. Luhur alias Digdoprawiro, juru sêrat asistèn wêdana Kadêmangan, Blitar, dados juru sêrat klas 1. R. Kadi, juru sêrat kantor wêdana Nganjuk, dados juru sêrat klas 1. M. Suprapto, asistèn wêdana Pogalan, Tulungagung, dados adjunct jaksa Landraad Blitar.

Pawartos saking post. Ingajêng sampun nate kawartosakên, bilih prangko pèngêtan jumênêngan nata 40 taun sasampunipun tanggal 15 October botên kasade malih. Supados botên kalintu sêrêp, katêrangakên bilih prangko wau kenging dipun angge ngantos dumugi ing tanggal 30 December 1939. wiwit tanggal 15 October dumugi tanggal 31 October 1938 badhe wontên prangko enggal ingkang kawêdalakên kangge pèngêtan adêging lampah anggêgana ing tanah ngriki sampun 10 taun. Prangko wau mawi kaindhakakên rêginipun, bêbathènipun badhe dipun sukakakên dhatêng Koninklijke Nederlandsch Indische Vereeniging voor Luchtvaart, kangge pêrluning Nederlandsch Indische Luchtvaarfonds. Dene rêgining prangko wau 17 ½ tuwin 20 sèn, kasade rêga 22 ½ tuwin 25 sèn. Prangko wau kenging kangge prabeya kintun sêrat dhatêng salêbêtipun tanah ngriki tuwin dhatêng sajawining praja, dumugi tanggal 30 November 1938.

Manggih barang kina. Ing dhusun Serang. Blitar, wontên tiyang manggih dhuwung tuwin tumbak damêlan kala abad ingkang kaping 13. Miturut wartos barang wau sampun dipun tumbas ing Pakaryan babagan Barang Kina.

[Iklan]

Nirom badhe ngandhapakên contributie. Wontên wartos, bilih wiwit benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika Nirom badhe ngandhapakên contributie ingkang rumiyin f 1.50 namung badhe f 1.25 ing dalêm sawulanipun. Kajawi punika Nirom inggih badhe nyaèni papan pangintun suwara, pirantosipun badhe tumbas ingkang langkung sae-sae. Satunggal badhe kangge wontên Bêtawi tumrap kangge kintunan sisih kilèn, satunggalipun wontên ing Surabaya, kangge kintunan sisih wetan. Ing salêbêting sataun, indhaking têtiyang ingkang anggadhahi radio 11.000. Ing sapunika ing tanah ngriki sadaya wontên 65.000.

Gapura ing Surakarta. Awit saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, margi ingkang malêbêt dhatêng alun-alun lèr ing kampung Slompretan tuwin Bathangan badhe kawangun gapura. Panggarapipun supados rampung benjing ing wulan Sura.

Malaria ing Imagiri. Miturut wartos, ing Imagiri, Ngayogya tuwuh sêsakit malaria. Miturut paniti, ing dhusun Kêbonagung wontên tiyang sakit 431, ing dhusun Majaura 323. Pakaryan babagan kasarasan sampun nindakakên rêrigên ngêdhuni jampi.

Ingsêr-ingsêran babagan Justitie. Tuwan Mohamad Thaher Gêlar Sutan Tumênggung, warga Landraad ing Sêmarang tuwin Kêndal, dados ondervoorzitter Landraad ing Bêtawi tuwin Tangeran.

Tamu saking tanah sabrang. Wontên wartos, Tengku Raja Bendara, putra Sultan Selangor suwargi, tuwin Pangeran Ariowijoyo, ingkang paman Sultan Kutei, badhe lêlana dhatêng tanah Jawi. Nanging dintên tuwin wulanipun dèrèng katêtêpakên.

Ngêndhêg lampahing zender. Miturut wartos saking pangagêng Pakaryan Post ing Bandung, gêgayutan kalihan kawigatosan ing wêkdal punika, tumratumrap. kawat tilpun ingkang interlokaal, botên kaangge tumrap pêrluning zender relay SRV-MAVRO.

Ambikak waterkrachtcentrale. Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr, waterkrachtcentrale ing Jelok, Sêmarang, kabikak, dipun jênêngi ing Gupêrnur Jawi Têngah tuwin Ngayogya, burgemeester Sêmarang tuwin Magêlang, wêwakil Nata Surakarta tuwin Ngayogya punapadene para residhèn tuwin para bupati, golongan partikêlir inggih kathah, kirang-langkung 300.

Manggih balung agêng-agêng. Wontên kuli ing wana Tritik, Nganjuk, nyambutdamêl dhudhuk-dhudhuk manggih balung agêng-agêng kakintên balunging tiyang ing jaman kina. Balung wau lajêng kakintunakên dhatêng Pakaryan babagan barang kina.

Tuwan Amir Hasan. Kawartosakên, Tuwan Amir Hasan ingkang sampun sawatawis taun sinau wontên ing Tokyo, dados guru wontên pamulangan luhur Dagang Taihoku, Formosa. Ing pamulangan luhur wau kawontênakên wulangan basa Malayu tuwin Walandi.

--- 2030 ---

Radio kuping. Ing salêbêtipun kitha Surakarta sampun kathah tiyang ingkang gadhah radio kuping, rêrêgèn f 1.50 sampun jangkêp. Pirantos wau sampun kenging kangge mirêngakên suwara warni-warni, ingkang botên kamirêngan ing sanès. Pratraping ngarah suwara namung tumuju papan pangintun suwara ingkang cêlak piyambak saking dunungipun.

Anggropyok pabrik arta palsu. Pulisi ing Bêtawi mêntas anggropyok griyaning tiyang ing kampung Berok, ingriku pinanggih prabot kangge damêl arta kêrtas palsu, kanthi buktinipun arta palsu, dene ingkang dipun damêl, arta kêthipan. Arta wau wujudipun sae, mèh sami kalihan arta ingkang tulèn, saha arta wau sampun kathah ingkang sumêbar. Tiyang ingkang kacêpêng wontên kalih nama Alam tuwin Peddi, sami tilas punggawa K.P.M.

[Grafik]

Darmawisata. Nalika tanggal 3 wulan punika, murid-murid Mosvia Magêlang ing klas inggil, darmawisata dhatêng tanah Sumatra, ingkang badhe dipun dhatêngi inggih punika tanah-tanah paboyongan ing laladan Lampung, saha ugi badhe dhatêng Palembang, Sungai Gerong, Muara Enim, Pager Alam lan sanès-sanèsipun malih. Inginggil punika gambaripun murid-murid kasêbut nginggil punapadene panuntunipun (lênggah ing têngah) Tuwan S.A. Bachtiar leeraar ing sêkolahan wau.

Mêwahi pamulangan. Ing wêkdal punika gemeente Magêlang ngadani damêl griya pamulangan dhusun 22 panggenan, ing bawah Kêbumèn. Waragadipun sabên griya f 600.-. Ing sawêwêngkon kabupatèn wontên pamulanganipun dhusun 340 ingkang 60 taksih manggèn wontên ing griya partikêlir.

Cobèn-cobèn pangajaran ing H.I.S. Kala ing taun pangajaran 1936/1937 wontên pamulangan-pamulangan H.I.S. ingkang dipun maligèkakên kangge cobèn-cobèn, ingkang murid-muridipun padatan mantuk jam 11, dipun antukakên jam 1. Ing jam wêkasan, para murid wau dipun ajar basa Walandi tuwin sanèsipun, supados benjing wontênipun ing klas 3 sagêd anggampilakên pangajaran. Manawi pangajaran wau botên adamêl sabab ingatasing kasarasan, badhe kalêstantunakên. Ing sapunika wontên wartos saking Departement pangajaran bilih cobèn-cobèn wau pinanggih prayogi. Mila badhe katindakakên wontên ing taun pangajaran 1938/1939.

Dr. Budiarjo tilar donya. Dr. Budiarjo sadhèrèkipun dhoktêr Cipto Mangunkusumo, tilar donya wontên ing Bandung, wontên ing griya sakit. Dhoktêr Budiarjo punika wêdalan saking Stovia, lajêng anglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, angsal sêsêbutan Arts Walandi, wêkasanipun dados Gouvernementsarts wontên ing Tasikmalaya.

Panenan kapas suda. Jalaran saking kathahing jawah ing taun punika, panenan kapas ing Jawi Têngah pinanggih suda sangêt. Ing Jawi Wetan ragi sae, tinimbang Jawi Têngah. Nanging rêginipun kapas taksih ajêg malorod, jalaran wontêning tandhon kapas taksih kathah.

Papan pambêsmi mayit ing Bandung. Ing Bandung badhe dipun wontêni papan pambêsmi matiy.mayit. Adêging papam pambêsmi mayit wau sampun dipun saksèkakên notaris. Ada-ada punika dipun sayogyani ing panjênênganipun Pangeran Paribatra, Pangeran Siam ingkang dêdalêm ing Bandung.

Waterleiding ing Sela. Ing bab badhe wontêning Waterleiding ing Sela, bawah Boyolali, saèstu badhe dipun tindakakên. Rantaman waragad f 10.000.- Waragad samantên wau badhe angsal waragad saking kraton, saking kas nagari, kas dhusun tuwin badhe nyuwun wêwahan saking gupêrnur. Manawi sagêd kasêmbadan, kintên-kintên panggarapipun wontên taun ngajêng. Waterleiding wau wontên ing antawising rêdi Mêrapi kalihan Mêrbabu.

Nyirnakakên sêsakit pathèk. Murih tumindaking nanggulangi sêsakit pathèk saya sampurna tuwin majêng, sampun sawatawis dintên wontên dhoktêr-dhoktêr enggal wêdalan pamulangan luhur dhoktêr dipun sêbar wontên saindênging tanah Jawi. Wontên sagolongan kakintunakên dhatêng Blitar. Tumindakipun sarana madosi tiyang ingkang pathèkên, botên mawi angêntosi wontên ing kliniek tuwin tindak sanès-sanèsipun. Samangsa manggih tiyang pathèkên, lajêng dipun pitulungi sapêrlunipun.

Palapuran sadhiyan pantun. Kawrat kêkancingan gupêrmèn tanggal 24 Sèptèmbêr, supados kantor Statistiek nglêmpakakên katrangan-katrangan ing bab sadhiyan pantun, wos tuton utawi ingkang botên ing saindêngipun tanah ngriki.

Wirèng kraton kasuwun dhatêng Cirêbon. Awit saking panyuwunipun ingkang Bupati Cirêbon konjuk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, kaparênga maringi wirèng, badhe kapitongtonakên wontên ing pandhapi kabupatèn Cirêbon. Angsal-angsalaning têtingalan wau badhe kangge darma babagan nanggulangi sêsakit T.B.C.

Ama kobis. Ing wêkdal punika tanêman kobis ing bawah kaondêran Karangmaja, Gunungkidul, katrajang ing ama ulêr, ngantos botên ngukup.

Ingkang angsal loterij. Miturut wartos, loterij ingkang nêmbe kagêbag punika, prijs ingkang agêng piyambak dhawahing Medan, prijs nomêr kalih dhawah Salatiga, dene prijs ingkang f 5000.- dhawah Medan tuwin Bêtawi.

EROPA.

Pêrang ing Eropa sande. Sampun sawatawis dintên kasamarakên bilih ing Eropa badhe wontên pêrangan agêng, awit nagari pundi-pundi sampun sami sadhiya dêdamêl. Ing mangke wontên wartos bilih wêwakil Inggris ing Praag sampun tampi rêmbag saking Chamberlain, ingkang suraosipun supados Tsjechoslowakije aminangkani punapa ing bab rêmbagipun nagari-nagari ingkang kawontênakên ing Munchen. Miturut wartos, parentah Tsjechoslowakije sampun anyondhongi punapa ingkang dados rêmbag ingkang kajêngipun ngawontênakên padamèn, botên saèstu pêrangan. Dados ing sapunika sampun botên wontên raos ingkang damêl kasamaran.

Juru anggêgana tiwas. Upsir juru anggêgana Inggris nama David Llewellyn, ingkang misuwur saking anggènipun anggêgana saking Londen dhatêng Kaapstad, nêmahi tiwas jalaran dhawah saking gêgana dalah motoripun mabur wontên ing Lympne.

ASIA.

Tienchiacheng uwal saking panguwaos Jêpan. Miturut wartos saking Hankow, wadya Tionghwa ingkang ambelani Tienchiacheng anggadhahi gêlar nyuwungakên kitha, nanging botên kêndho panêmpuhipun dhatêng mêngsah. Malah panêmpuhipun wau sagêd ngrêbat Sungyangschiao ing sakilèn Kwangtsi. Unduripun wadya Jêpan dipun pêdhot marginipun ingkang badhe kangge margi nêmpuh, wêkasanipun sagêd ngundurakên wadya Jêpan ingkang wontên ingriku. Nanging lajênging wartos taksih rêbat-rinêbat papan gêntos asor gêntos unggul.

--- 2031 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

19

Mênggahing Jak piyambak, inggih lajêng ngrumaosi gadhah karosan ingkang langkung saking mêsthi wau, ing wusana piyambakipun lajêng kirang pangatos-atosipun. Kalayan ngungalakên dhadha lampahipun Jak turut wana tanpa ngèngêti bilih ing samargi-margi tansah cinakêtan ing bêbaya. Tumrapipun Akut, manawi ujug-ujug mambêt gandanipun singa barong, sanalika punika inggih lajêng enggal-enggal mènèk ing wit-witan, nanging mênggahing Jak, ing sêmu kadosdene botên amrêduli. Malah lumampah têrus anglangkungi papan pandhêlikanipun singa barong kalayan gumujêng sajak ngerang-erang. Tindakipun Jak ingkang makatên punika ngantos watawis dangu wilujêng. Awit salaminipun punika, singa barong ingkang pinanggih wêtêngipun sampun tuwuk, utawi sagêd ugi jalaran singa barong wau sangêt gumun, dene wontên salah satunggalipun titahing Pangeran ngantos samatên kurang ajaripun. Awit saking gumunipun wau, ngantos kasupèn badhe anêmpuh.

Nanging botên beda kadosdene manusa, sanadyan singa barong, satunggal-satunggalipun inggih anggadhahi watak piyambak-piyambak. Sanadyan wontên singa barong sadasa ingkang botên ngaru-biru dhatêng solah-tingkahipun Jak ingkang sajak kumawani wau, nanging punika botên kenging kapêsthèkakên, bilih singa barong ingkang ôngka sawêlasipun ugi anggadhahi watak ingkang makatên punika. Mênggahing singa barong punika satunggiling kewan ingkang cêpak nêpsunipun. Jalaran cêpak nêpsunipun wau, kadhang-kadhang singa barong inggih sok lajêng enggal-enggal nêmpuh ing damêl.

Ing satunggiling dintên Jak kapanggih singa barong ingkang ôngka sawêlas, kados ingkang mêntas kacariyosakên wau. Ing kala punika lampahipun Jak turut wana ingkang kathah grumbulanipun, lampahipun Akut sawatawis têbih kalihan Jak. Dumadakan Jak sumêrêp singa barong andhêlik wontên ing salah satunggiling grumbul ngriku. Kalayan gumujêng Jak lajêng ambêngoki Akut makatên:

Akut, Akut, enggal lumayua. Ing grumbul têngênku iki ana singa baronge. Wis, tumuli meneka ing wit-witan, Akut. Aku anake Tarsan, kang bakal anjaga nyang kaslamêtanmu.

Salajêngipun kalayan gumujêng Jak anglajêngakên lampahipun mêdal ing margi ingkang nglangkungi grumbul ingkang dados papan pandhêlikanipun singa barong wau.

Mênggahing kêthèk bangkokan ingkang lajêng ambêngoki Jak supados tumuntêna lumajêng, nanging Jak ing sêmu botên amrêduli, malah lajêng ngobat-abitakên towokipun sarta pêncolotan lan jêjogedan kadosdene badhe ngatingalakên bilih piyambakipun botên ajrih babar pisan dhatêng ratuning wana wau. Lampahipun Jak saya anyakêti grumbul papan pandhêlikanipun singa barong, dumadakan ing kala punika singa barong ujug-ujug mêncolot mêdal saking grumbul kalihan anggêro sora tuwin lajêng abên ajêng cakêt kalihan pun Jak. Ing ngriku têtela satunggiling singa barong ingkang agêng sangêt, siwaripun rembyak-rembyak, lan untunipun rangah angajrih-ajrihi. Ing ngriku mripatipun singa barong katingal jêne ijêm, murub, nandhakakên gênging nêpsunipun.

Jak ingkang namung adêdamêl towok alit, sanalika mangrêtos, bilih singa barong ingkang pinanggih sapisan punika beda sangêt kalihan sanès-sanèsipun. Nanging tumrap piyambakipun samangke sampun rêkaos anggènipun badhe ngoncati. Wit-witan ingkang cakêt piyambak, têbihipun mêksa wontên taksih sawatawis mètêr saking ngriku. Manawi piyambakipun nyobi mancolot dhatêng ing wit-witan wau, dèrèng ngantos dumugi, piyambakipun tamtu sampun kacandhak ing singa barong. Ing môngka botên kenging botên singa barong tamtu badhe anêmpuh dhatêng piyambakipun. Ing ngriku wontên wit-witan ingkang langkung cêlak malih, inggih punika wit-witan mawa êri. Nanging kadospundi anggènipun Jak nêdya ngoncati singa barong asarana mènèk ing wit ingkang mawa êri wau. Kajawi badanipun tamtu badhe babak bunyak dening êri-êrining wit-witan wau, ngadêgipun singa barong kalêrês wontên ing antawisipun wit ingkang mawa êri kalihan piyambakipun.

Salêbêtipun punika Jak tansah nyêpêngi landheaning towok. Dumadakan ing kala punika piyambakipun manggih akal murih sagêdipun ngoncati singa barong, sanadyan ing wingking piyambakipun tamtu badhe nandhang [na...]

--- 2032 ---

[...ndhang] tatu. Nanging mênggah gagasanipun Jak, aluwung nandhang tatu sawatawis katimbang dados têdhaning singa barong.

Mênggah akal ingkang badhe katindakakên punika makatên:

Nalika sêkolah, Jak punika asring sangêt dolanan kalihan kônca-kancanipun lumpat-lumpatan sarana migunakakên gantar. Dolanan ingkang makatên punika ing kala rumiyin Jak prigêl trampil sangêt. Sarana migunakakên gantar wau, Jak sagêd anglumpati kalèn ingkang ragi wiyar sawatawis, sagêd malumpat wontên ing wit-witan ingkang watawis inggil, lan saminipun. Ing samangke Jak anggadhahi manah, sarana landheaning towok, saking papanipun ngadêg wau, nêdya mêncolot dhatêng wit-witan ingkang mawa êri wau, kanthi anglumpati singabarong. Akal cara makatên punika, sanadyan nguwatosi sangêt, kêdah enggal-enggal dipun tindakakên, sampun ngantos karumiyinan singa barong anêmpuh. Ing kala punika Akut katingal gumun sangêt, langkung malih singa barong, sarêng nyumêrêpi Jak kadosdene nêdya anêmpuh dhatêng singa barong. Nanging mênggah sajatosipun punika ancang-ancanganipun Jak anggènipun sarana migunakakên landheaning towok, nêdya mêncolot dhatêng wit-witan ingkang mawa êri wau. Saking gumunipun, singa barong ngantos andongong sawatawis dangunipun. Nanging wêkdal samantên punika sampun cêkap tumrap Jak kangge mêncolot kanthi wilujêng dhatêng ing wit-witan ingkang mawa êri wau.

Salaminipun gêsang Akut dèrèng nate sumêrêp cara mêncolot sarana gantar wau, amila sarêng Jak kalêksanan sagêd ngoncati singa barong mêncolot wontên ing wit-witan ingkang mawa êri wau, bingahipun tanpa upami, sarta lajêng jêjingklakan wontên ing wit ingkang dados penekanipun sarwi mêmoyok lan mêmisuhi singa barong wau. Dene pun Jak, ingkang daleweran rahipun jalaran tatu pintên-pintên dening ririning wit-witan ingkang dipun pêncoloti, lajêng ngupados papan ingkang kirang rinipun sawatawis. Lêrês piyambakipun ing kala punika sagêd oncat saking bêbaya pêjah, nanging kanthi nandhang sakit ingkang tanpa kinintên-kintên. Salaminipun Jak wontên ing wit-witan ingkang mawa êri wau, rumaosipun kadosdene singa barong botên nêdya kesah saking ngandhapipun ngriku. Mila nyata anggènipun singa barong anênggani wontên ing ngandhapipun wit-witan wau ngantos langkung saking saêjam. Nanging ing wusana sarêng Jak sêmu botên nêdya mandhap saking ing wit-witan, singa barong lajêng kesah saking ngriku kalihan gêrêng-gêrêng. Sarêng lampahipun singa barong sampun têbih, Jak lajêng mandhap saking wit-witan ingkang mawa êri wau. Sampun têmtu kanthi saya wêwah tatunipun.

Ngantos pintên-pintên dintên dangunipun anggèning tatu-tatunipuktatu-tatunipun. sagêd pulih kados suwaunipun malih. Nanging tumrapipun Jak kadadosan ingkang makatên wau kadosdene satunggiling pangajaran ingkang salaminipun gêsang piyambakipun botên badhe supe, inggih punika sampun pisan-pisan kumalungkung sarta kibir, dupèh kalangkunganipun sampun anyêkapi.

Wontên ing wana ngriku Akut tuwin Jak ngaso pintên-pintên dintên, murih tatunipun Jak sagêda mantun babar pisan. Sabên enjing sarta sontên kêthèk bangkokan andilati tatu-tatunipun ngantos rêsik, usada sanèsipun botên wontên, ewasamantên tatu-tatunipun wau mêksa sagêd mantun, jalaran daging ingkang saras punika enggal waluyanipun.

Sarêng Jak sampun mantun sakitipun, kairit dening Akut, anglajêngakên lampahipun dhatêng pasisir. Dangu-dangu inggih lajêng sagêd kadumugèn punapa ingkang kasêdyakakên. Ing kala punika lampahipun Akut tuwin Jak mêdal ing wana bêbondhotan, dumadakan saking panging wit-witan ingkang andhap mripatipun Jak ingkang sakalangkung awas, sumêrêp tapaking manungsa, ingkang sanadyan sampun watawis dangu, nanging mêksa taksih katingal cêtha. Sarêng Jak namatakên tapak wau kanthi wigatos, bingahipun tanpa upami. Awit ing ngriku cêtha wontên tapakipun têtiyang bôngsa kulit pêthak. Inggih lêrês ing ngriku katingal tapak suku ingkang botên lêlambaran punapa-punapa, nanging tapak-tapak suku lagaran wau, wontên ugi ingkang tapaking sêpatu, nandhakakên bilih ing ngriku wontên tiyangipun bôngsa kulit pêthak. Lampahipun tapak wau ngênêr mangalèr, kosokwangsul kalihan ingkang badhe dipun lampahi Akut kalihan Jak.

Dene mênggah gagasanipun Jak: tamtunipun têtiyang bôngsa kulit pêthak punika sumêrêp ing pundi kitha ing pasisir ingkang cakêt piyambak. Bokmanawi kemawon ing samangke punika lampahipun ngênêr dhatêng ing ngriku. Amila kados badhe agêng gunanipun saupami lajêng sagêd nusul lampahipun têtiyang bôngsa kulit pêthak wau, sanadyan namung prêlu nêdya nglêgani manahipun anggèning sagêd pinanggih kalihan bangsanipun piyambak. Jalaran saking punika, bingahipun Jak sakalangkung, sarta lajêng daya-daya sagêda tumuntên nusul. Nanging ing sêmu Akut botên cocog dhatêng sêdyanipun Jak wau. Miturut ingkang sampun dipun alami, manusa punika botên kenging dipun sanak. Awit mênggahing Akut, Jak punika sanès bangsaning manusa, ngêmungakên kêthèk limrah. Awit Jak punika anakipun ratuning kêthèkakêthèk.

ingkang nama Tarsan. Badhe kasambêtan.

--- [153] ---

Nomêr 39, 5 Oktobêr 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Wêdi Marang Gusti Allah

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 78.

[Pocung]

yèn cinatur akèh bangêt kang pêpacuh / larangane Allah / aja pisan anglakoni / yèn wania nêrak bakal pinidana //

baya cukup lamun nêdya anênuntun / marang watak wêlas / tumrap bocah isih cilik / upamane dikon wèwèh wong pêpriman //

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

lamun wêruh bocah nyiya-nyiya batur / bêcik linarangan / pratingkahe mituturi / kudu cêtha nganti bocah bisa nômpa //

layak mathuk amêmulang marang sunu / dhêmên maca layang / kang isi piwulang bêcik / kayadene kang kanggo ing pamulangan //

duk karuhun jaman rong puluhan taun / dongèng sato kewan / buku dongèng wulang bêcik / anggitane Tuwan Wintêr kang wus swarga //

lawan buku anggitane pujôngga gung / Punsên kang wus swarga / oncèn-oncèn diarani / têlu pisan anênangi ambêg wêlas //

anênuntun wêdi marang Hyang Maha Gung / dongèngane pêpak / tuladhane anyukupi / eman dene saiki tan pinilala //

jaman maju anggêr bocah dhêmên buku / dhêmên layang kabar / eman akèh dhêmên ngliling / pakabaran lan carita bab dolanan //

isih patut bocah dhêmên maca buku / isi bab dolanan / kang sawênèh pijêr ngliling / buku dongèng kang isi bab pêpacangan //

krasa ngêlu yèn mêmaca liya buku / jare crita apa / crita ora maedahi / angur baya gêgojegan karo tôngga //

jaman maju bocah wadon durung ngumur / akèh kang wis wikan / uwis mikir golèk laki / wis birahi sanajan isih sêkolah //

harak kojur sinaune durung cukup / jêbul salewengan / milih ika milih iki / yèn diuja ngrusakake tatakrama //

para biyung kudu bisa milih buku / kanggo wacan anak / cikbèn kang tinêmu wuri / kalis saka rubeda satêmah mulya //

Nyi Darmaprawira, Kêpanjèn Malang.

--- 154 ---

Ngrewangi apa Ngrusuhi

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika, tamtu kathah para sadhèrèk ingkang sampun nguningani, inggih punika namaning satunggaling buku waosan ingkang asring kangge ing pamulangan Jawi. Nanging punopoa têka kula pasang ing irah-irahaning karangan punika. Awit pancèn mathuk sangêt yèn kapacak ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap punika.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman

Para wanita ingkang ngambah jaman kala antara kados kula punika (antaraning kolod lan modhèrên) kêrêp kemawon tampi panyaruwe saking ngrika-ngriki, kapanggalih ngrusuhi utawi ngalang-alangi ajênging jaman. Wujuding panyaruwe warni-warni sangêt, nanging botên prêlu kula andharakên ing ngriki (mriksanana sadaya karanganipun tuwan Garèng lan Petruk ingkang ngengingi kula para wanita).

Sadaya kaantêpan tuwin pêpalangipun para kolod, punika yèn kataliti saèstu, kathah ingkang atêgês: ngrewangi, milujêngakên dhatêng ajênging jaman samangke ingkang langkung gawat punika. Mênggah wujuding pêpalang utawi kaantêpaning para kolod wau, ugi botên prêlu kula bèbèr, para maos tamtu sampun sagêd andumuki piyambak.

Ing ngriki kula namung badhe anggambarakên tatacaraning pasamuwan sawatawis, inggih punika tataning lênggahan cara kilenan kalihan lênggahan cara Jawi, supados kenginga kangge têtimbangan.

Kula kêrêp sumêrêp, ugi sampun nate ngawaki, jagong lênggahan pasamuwan têmantèn, rêsèpsi lan sanès-sanèsipun, ingkang tatananing lênggahan campur tamu kakung lan tamu putri. Utawi dipun pilah, nanging dados sapanggenan (sapandhapi). Saking panyawang kula, kalih-kalihipun (kakung lan putri) têka botên sagêd mardika yêktos. Pintên-pintên para tamu putri ingkang satêngah kolod kados kula punika, sami kèndêl-kèndêlan kemawon. Kados dipun bungkêm, botên sagêd kawêdal badhe imbal pangandikan kalihan kônca kancanipun lênggah. Trêkadhang wontên ingkang sagêd, nanging namung lirih sangêt utawi klêsik-klêsik. Dhatêng dhaharan pasugatan botên katingal rahab. Sawênèh ing batos sami gêbrès-gêbrès jalaran kêplêpêkên kêbuling srutu, klisma, siyong lan krètèg, malah wontên ingkang ngantos yêr-yêran puyêng. Ingkang kulina anggantèn, sanadyan kêtagihanipun sangêt, tur inggih sampun sangu ubarampe piyambak, ewasamantên èwêd badhe ngêdalakên. Sawênèhing tamu badhe mêdal dhatêng wingking (kolah) rikuh dlajigan ing saantawising tamu kakung, kapêksa dipun ampêt. Taksih kathah èwêd-pakèwêd sanès-sanèsipun tumrap kula para tamu wanita.

Para tamu kakung ingkang dèrèng patos kulina lênggahan makatên punika, bokmanawi inggih kathah ingkang kirang mardika, tandhanipun katingal kirang berag, wontên ingkang têrus tumungkul kemawon, yèn sayah lajêng sêmu andhangak nyawang dilah utawi usuk

--- 155 ---

tuwin kathah patrap sanès-sanèsipun ingkang ngatawisi pakèwêd tumrap dhatêng para tamu wanita. Tumrap kula bôngsa Jawi, lênggahan cara makatên punika, botên sagêm mardika kados bôngsa kilenan, jêr watêk kula Jawi punika, taksih kathah sangêt èwêd-pakèwêdipun tumrap srawunging jalêr lan wanita.

Katrangan kula kasêbut ing nginggil punika, para maos tamtu sagêd mêwahi sabab-sabab sanèsipun, ingkang sakintên sagêd nuwuhakên èwêd-pakèwêd wau.

Kula para wanita, kados sami sagêd anggambarakên kados punapa gambiraning manah manawi nuju lêlênggahan kêmpal putri sami putri. Jalaran saking sêpên pakèwêd, ngantos kumruwuk anggènipun ngandikan, bab warni-warni dipun ngandikakakên sinambi gêgujêngan ingkang adamêl rênaning pasamuwan ngriku. Trêkadhang yèn ingkang dipun rêmbag laras kabêtahaning wanita, sok kasupèn wêkdal, ngantos kalantur. Para tamu kakung, makatên ugi, manawi papaning lênggahan punika milah (botên nunggil sagriya), wangunipun sami rêna: gar-gêr. Gumujêng latah-latah. Ingkang ngandikan ugi katingal mardika, botên wontên ingkang dipun pakèwêdi.

Saking pamanggih kula, tatanan lênggahan cara Jawi punika, sampun laras sangêt yèn kagathukakên dhatêng kasusilan kula bôngsa Jawi.

Wusana tuladha gêgambaran ing nginggil punika, kula sumanggakakên para maos, kalêbêt golonganing ngrewangi apa ngrusuhi, tumrap ajênging jaman samangke punika.

Lêpat nyuwun pangapuntên.

Biyang Marta Sleman.

Gringsing

Ing Kajawèn Jagading Wanita sampun nate ngêwrat ing bab sinjang gringsing. Nanging ing ngriki prayogi dipun têrangakên malih.

Sinjang gringsing punika bakunipun dhêdhasaring sinjang latar pêthak, dene sêratanipun kenging sakarsa-karsa. Wanguning gringsing punika warni-warni, kados ta: gringsing ringgit, gringsing klungsu tuwin gringsing sisik. Dene gringsing ingkang kacêtha punika gringsing sisik.

[Grafik]

Gringsing sisik punika ingkang dipun emba sisiking ulam, mila wujudipun sap-sapan kados tumpang-tumumpanging sisik. Manawi panggarapipun kalêrêsan, [kalêrê...]

--- 156 ---

[...san,] pêthakipun sagêd sumêblak, dados bakunipun sinjang gringsing sisik punika ngangkah pêthaking gringsing, botên ngangkah gumêbyaring sogan.

Tumrap pantêsipun, sinjang gringsing punika dipun agêm ing putri, mathuking abên-abênan, purun dipun agêmi rasukan punapa kemawon. Dipun agêm ing putri pakulitan cêmêng manis, katingal wijang, dipun agêm ing putri pakulitan jêne, katingal ngalela.

Mênggahing côndra pinanggih wontên ing Sêrat Pranacitra: Rara Mêndut sinjangnya guringsing, kêmbênira jingga pinarada …

Pamoripun wontên ing sawangan: Rara Mêndut punika pakulitanipun jêne, sinjangipun latar pêthak, kêmbênipun jingga pinarada. Punika wontênipun namung mujudakên sarwa ngegla padhang, bokmanawi kados rêmbulan nuju tanggal kawan wêlas, kêpêncil wontên ing langit biru. Kula aturi manggalih piyambak.

Bab Olah-olah

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 78

Abênipun dhahar jadah punika, manawi têlêsan ingkang cocog piyambak kalihan tigan kamal utawi pindhang, punapa ulam têrik kêring, ulam ragi ing salah satunggal. Manawi jadah garangan, kalihan ulam abul, abon, dhèndhèng, gorengan balur kutuk kagêpuk.

Dhaharan jadah, jênang, wajik, lèmpèng, punika kenging karimat ngantos dangu, sawanipun namung anjamur, nanging botên dados punapa, amargi inggih taksih eca kemawon. Jamur wau inggih gampil ical-icalanipun, bilih pandhaharipun jadah sampun rumaos manuh (bosên) môngka jadahipun tirah, inggih prayogi lajêng karajanga ingkang sakalangkung tipis, sakêrtu-kêrtu, lajêng kapepea ingkang ngantos garing sayêktos. Bilih kagorèng mawi lisah: nama karag jadah, raosipun gurih kumrêmês êmpuk, margi kaduk kalapa, bilih kirang klapa, atos tuntung alot. Bilih kagarang, namanipun jrangking.

Jênang

Panggarapipun uwos sami ugi kadosdene olah jadah, namung bedanipun uwos wau uwos pantun sêkul, sanès kêtos, tuwin uwos wau kaglêpung alus, lan lajêng dipun ayaki, supados saya wêwah alus, lan kêlapanipun kadamêla santên, pêrêsan sapisan kaping kalih, kados ta satunggal wadhah lajêng kapiyambakna (namanipun: santên kênthêlan, dados kaot sakêdhik lan santên kanil) pêrêsan ingkang kaping tiga kaanggea ngêjèri glêpung ingkang sampun alus, kênthêl cuwèripun kawatawisa ingkang cêkapan. Dene takêraning abênan, manawi glêpung: uwosipun samanci, klapanipun kêdah kalih iji, ukuran kalapa ingkang cêkapan agêng alitipun. Badhe kasambêtan.

Nyai Pranata.

--- [0] ---

[Lanjutan Babad Giyanti]

[Sudah diketik pada Kajawèn no. 20, 10 Maart 1939]

--- 0 ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 81, Stu Lê, 13 Ruwah Jimawal 1869, 8 Oktobêr 1938 Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [2029] ---

Ôngka 81, Stu Lê, 13 Ruwah Jimawal 1869, 8 Oktobêr 1938 Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsèt - Lêlampahanipun Radèn Wôngsadinama - Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (dysentrie) - Marsudi Gêndhing Jawi - Arak-arakan Panyêgah Madat ing Bêtawi - Adat Tatacara ing Dhusun - Nagari Walandi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Supênan.

Miturut kapitadosan, supênan punika mêngku kajêng ingkang sakalangkung lêbêt, malah lajêng wontên ingkang narbuka, ingkang sagêd damêl marêming manah.

Jalaran saking wontêning kapitadosan ingkang kados makatên wau, lajêng nuwuhakên panganggêp bilih supênan punika satunggiling sasmita, saha sabên supêna lajêng dipun gagas badhe punapa wahananipun, wusana saking kulinanipun wau, badanipun lajêng pangawak tiyang supêna.

Sampun dados wiraosan umum, manawi supêna bôngsa mayit-mayitan, badhe manggih kabêgjan, manawi sumêrêp bangsa sing jijik-jijik, alitipun anggêpok, kêpêcak, badhe manggih rijêki, saha manawi dipun têdha, wah, punika saksatipun bayar kropyok. Supêna manggih arta, badhe gudhigên. Supêna dados pangantèn, ngatos-atos, punika badhe cêlak umuripun. Nanging manawi supêna mancal donya, malah badhe panjang umuripun. Manawi dipun andharna, ing bab supênan wau badhe kathah sangêt katranganipun.

Bab supênan wau manawi miturut wêwarahipun sêrat-sêrat Jawi, katêrangakên warni-warni, wontên ingkang jalaran saking kèpi, upaminipun mêntas sumêrêp wêwarnèn punapa kemawon, sarêng tilêm sumêrêp ingkang sairib kados lêlampahan ing nalika mêlèkipun. Wontên ingkang duradasih, dalu supêna manggih arta, sarêng tangi manggih arta yêktos. Wontên malih supêna ingkang dipun anggêp sasmita, punika lajêng sagêd ngulurakên gagasan: Iki sasmita apa ya. Tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, kenging lajêng dipun anggêp bilih supênan punika dados prabot pangothak-athik dhatêng gêsanging ngakal budi ingkang lèrèg dhatêng kabatosan.

Wontên malih sawênèhing gotèk, tiyang ingkang sampun botên nate supêna, punika sampun cêpak dhatêng pêjahipun. Lajêng wontên ingkang cariyos malih, tiyang supêna punika botên namung pinuju tilêm kemawon, malah sanadyan mêlèk pisan, inggih tansah ênggêng-ênggêngan supêna.

Warni-warnining andharan wau, pinanggihipun wontên ing pamawas tumrap ingkang lèrèg dhatêng kabatosan, lajêng katingal bilih dados praboting pangudi.

Cêkruktruna.

--- 2030 ---

Antêp ingkang Andumugèkakên Sêdya

Lêlampahanipun Radèn Wôngsadinama.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

MiturugMiturut. aluraning darah, Wôngsadinama angsal sêsêbutan: radèn, mila ing sapunika dipun sêbut Radèn Wôngsadinama.

[Grafik]

Para wanita nalika mahargya Radèn Wôngsadinama tampi bintang.

Kacariyos Radèn Wôngsadinama sarêng sampun rabi lajêng tumut marasêpuhipun wontên ing Kauman, satunggiling sudagar bathik ingkang sampun agêng tumindaking padaganganipun. Wontênipun ing ngriku Radèn Wôngsadinama rumaos kidhung sangêt awit nyumêrêpi ombyaking têtiyang nyambut damêl ing pasudagaran agêng, sawarnining tindak katingal cag-cêg, cakipun katingal sami pintêr-pintêr. Tindak ingkang makatên wau Radèn Wôngsadinama rumaos dèrèng sagêt angêmori damêl. Saya manawi nyumêrêpi tataning gêsangipun marasêpuh sakukubanipun sadaya, Radèn Wôngsadinama namung rumaos rikuh. Môngka saupami wangsul mantuk dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun piyambak, ugi dèrèng raos srêg, awit inggih nama dèrèng baku gêgriya piyambak, sami taksih wontên pangengeran. Sayêktosipun raos ingkang kados makatên wau malah andadosakên panggugahing manahipun Radèn Wôngsadinama. Wiwit kala punika lajêng gadhah sêdya badhe nyambut damêl piyambak.

Ing sakawit manahipun Radèn Wôngsadinama taksih mongga-manggu, wusana inggih lajêng dipun tekadakên cariyos dhatêng marasêpuhipun ing bab sêdyanipun wau. Ing ngriku marasêpuhipun jalêr botên anocogi, namung marasêpuhipun èstri ingkang nayogyani sangêt, dene tiyang sêpuhipun piyambak jalêr èstri ugi sami anyondhongi. Cêkakipun kalampahan, Radèn Wôngsadinama wiwit nyambut damêl.

Sandhunganipun tiyang ingkang nêdya majêng, punika wontên-wontên kemawon. Sarêng anggènipun nyambut damêl Radèn Wôngsadinama sawêg tumindak kalih wulan, marasêpuhipun èstri sakit, ngantos botên sagêd nindakakên padamêlan, dene padamêlanipun wau kapurih ngrangkêp Radèn Wôngsadinama. Sarêng tumindaking damêl angsal kalih taunan marasêpuhipun èstri ngajal, sangajaling marasêpuh wau, panggaotanipun Mas Kaji Bakri dipun suda,

--- 2031 ---

dangu-dangu ngantos kèndêl babar pisan. Ing ngriku Radèn Wôngsadinama lêstantun anglajêngakên padamêlanipun piyambak. Kados dèrèng dumugi, sêsandhunganing lêlampahanipun Radèn Wôngsadinama, lêt sataun malih, tiyang sêpuhipun piyambak ( Mas Ngabèi Priya Margasa ), tilar donya.

Manahipun Radèn Wôngsadinama ing kala punika karaos pêtêng, rumaos badhe ngancik dhatêng jaman dados tiyang sêpuh yêktos, tiyang sêpuhipun èstri tuwin marasêpuhipun tansah mituturi, ingkang adamêl têtangining manah. Dene kêkêncênganing manah namung maligi nêdya nglajêngakên panggaotanipun.

Tumindaking damêl Radèn Wôngsadinama tumêmên, kados botên tilar dhatêng wulang piwêlingipun tiyang sêpuh. Lêlampahan panggaotanipun Radèn Wôngsadinama sagêd majêng yêktos, ing ngriku tinampi bilih dhawahing kabagyan wau ingkang dados wohing rêkaosing badan tuwin batosipun.

Tumrap panyawanging liyan, amastani bilih among dagang punika sakeca, awit ingkang dipun waca namung indhaking agêngipun, botên ngrêtos bilih, wontênipun namung sarwa ngrêkaos, lampahipun minggah mandhap tanpa wontên kèndêlipun. Mila bêgjanipun tiyang among dagang ingkang sagêd mawas yêktos dhatêng obah osiking jagad among dagang. Ing bab punika tumrapipun Radèn Wôngsadinama tansah dipun awaki.

Dumugining taun 1920 panyambutdamêlipun Radèn Wôngsadinama andêdêl, lajêng sagêd numbas pemahaning marasêpuhipun ing Singasarèn rêgi f. 30.000,- lajêng dipun yasani griya kanthi waragad f. 40.000,- saha lajêng dipun ênggèni. Salajêngipun ngêlar papan ing sawingkingipun kangge papan padamêlan, saha papanipun nyambut damêl dipun pindhah wontên ing ngriku sadaya.

[Iklan]

Kala ing taun 1922, dumadakan rêrêgèning barang-barang dagangan mandhap sangêt, rêrêgènipun namung kantun dhawah palih. Salêbêtipun môngsa malorod wau, Radèn Wôngsadinama kapitunan f. 70.000,-. Lampahing tiyang nyambut damêl sami ngrêkaos, saha panggaotanipun Radèn Wôngsadinama tumuntên kandhêg ngantos sawatawis taun.

Ing ngriku katingal bilih lampahing panggaotan punika botên namung sakeca kemawon, kados ta nalika sawêg andêdêlipun. Kados Radèn Wôngsadinama punika, tumbas pemahan tuwin damêl griya kemawon ngantos têlas f. 70.000,-. Nanging sarêng kapitunan, sagrêdêgan kemawon ingkang katingal sampun f. 70.000,-. Badhe Kasambêtan.

--- 2032 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (dysenterie).

Sêsakit dysenterie punika ing tanah Jawi ngriki sampun waradin ing pundi-pundi wontên, langkung-langkung ing panggenan ingkang dèrèng wontên waterleiding ingkang têtiyangipun angsalipun toya ombèn sami kapêksa saking sumur, saking lèpèn utawi sanèsipun ingkang sami kirang rêsik, awit toya sumur punika gampil sangêt katularan wisa sêsakit, kados ta: dysenterie, typhus utawi sanèsipun.

Mênggah sababipun toya sumur sagêd katularan wisa sêsakit.

Sapisan, ing nalika tiyang umbah-umbah utawi asah-asah pamêndhêtipun toya utawi nimba ing sumur, tanganipun sampun gêpokan kalihan barang sandhangan, sinjang utawi sanèsipun ingkang sampun rêgêd ingkang tilas dipun angge dening tiyang ingkang sakit dysenterie, typhus utawi sanèsipun. Tangan utawi driji ingkang sampun gupak rêrêgêd wau kangge nyêpêng timba, timbanipun têmtu inggih katutan rêrêgêd saha lajêng mlêbêt ing sumur gêpokan toya, toya sumur wau têmtu lajêng katularan rêrêgêd punika.

Kaping kalih, sumur ingkang botên ngangge srumbung tembok sêmèn, blau, ingkang botên ngantos dumugi ngandhap pisan, ing panggenan wêdaling toya tukipun, samôngsa wontên tiyang wisuh suku, tuwin umbah-umbah barang rêgêd, toya ingkang rêgêd punika sagêd rumêsêp ing siti saubêngipun sumur saha lajêng lumêbêt ing sumur, dados toya sumur sagêd katularan rêrêgêd wau ugi.

Kaping tiga, yèn sumur cêlak jumblêng inggih gampil sangêt rêrêgêd utawi wisa sêsakit saking jumblêng mili dhatêng sumur ngriku, dados toya sumur inggih lajêng sagêd rêgêd.

Kula sampun nate anjampèni bayi putranipun priyantun luhur Walandi umur 2 1/2 wulan, ingkang sadèrèngipun kula garap bayi wau nalika sawêg umur 1 1/2 wulan sampun sakit lan dipun garap dening dhoktêr sanès, malah sampun kalêbêtakên lan dipun pulasara ing griya sakit agêng ing Sg., nanging botên sagêd pinanggih sêsakitipun, sarêng bayi umur 2 1/2 wulan, dados bayi sampun sawulan wontên ing griya sakit, sakitipun bêntèr botên wontên sudanipun, bayi wau lajêng kaboyong dhatêng dalêm gupêrnuran, ing ngriku taksih kagarap dening dhoktêr wau kalih dintên mêksa dèrèng sagêd mêndha bêntèripun, lajêng kaboyong wangsul dhatêng dalêmipun piyambak sarta ramanipun masrahakên putranipun dhatêng kula.

Bokmanawi sawêg kalêrêsan manut ungêl-ungêlanipun bôngsa Jawi: jodho, têmbungipun: tômba têka, lara lunga. Bayi sanalika sêsukêripun kula priksa mawi microscoop botên pinanggih punapa-punapa, sarêng enjingipun sêsukêripun kula

--- 2033 ---

priksa malih pinanggih wontên wisanipun dysenterie (amoeben), pamanggih kula bayi wau têtêp sakit dysenterie.

Sarêng kula matur dhatêng rama ibunipun yèn ingkang putra kataman sêsakit dysenterie, sami kagèt lan gumun dene bayi umur 1 1/2 wulan têka sagêd kataman sêsakit makatên, môngka anggènipun anjagi putranipun ing bab rêsikan nyêkapi saèstu. Kula matur yèn kula dipun galih tiyang, sagêd goroh, nanging microscoop botên sagêd goroh. Cêkakipun bayi kula jampèni salêbêtipun saminggu sampun saras. Ing ngriku rama ibunipun saking bingahipun, ngaturi uninga dhatêng tuwan gupêrnur ingkang têpangipun sampun kados sadhèrèk piyambak, bilih ingkang putra punika sakitipun dysenterie, kula ingkang anjampèni sampun saras blas. Tuwan gupêrnur sakalihan ugi sami gumun kadospundi dene bayi umur 1 1/2 wulan têka sagêd kataman sêsakit makatên punika, lajêng dhawuh dhatêng ramanipun bayi ingkang sampun saras wau kêdah nuntên lapur dhatêng Inspecteur dhoktêr. Priyantun wau pancèn kêpala nagari, inggih lajêng lapur dhatêng Inspecteur dhoktêr.

[Iklan]

Inspecteur sêsarêngan kalihan Chef dhoktêr saking Pl: Gez. Dienst sami rawuh ing dalêmipun priyantun wau amriksa kawontênanipun ing dalêm ngriku. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts- Sêmarang.

--- 2034 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Gêndhing Asmaradana, laras salendro pathêt manyura irama sêsêg, katêlah nama: Asmaradana Lômba.

Pola ôngka 1.

[Notasi]

Dipun ungêlakên sakêdhikipun 3 gongan, lajêng kaêndhêgakên kalayan ngêgèt, mriksanana ciri (X) nginggil, ôngka 1 larikan Bw. swaranipun gôngsa kèndêl sadaya, botên antawis dangu wontên swara ingkang nyêla, inggih punika swaranipun kênong laras dhadha: nut ôngka III.

Panabuhipun kênong ngêntosi têlasing ngêngipun swara gôngsa, sawêg katabuh.

Sasampunipun kênong laras dhadha katabuh wiwit dipun sênggaki kados ing ngandhap punika:

Pola ôngka: 2

[Notasi]

Dhawah êgong, wiwit nabuh sêsarêngan, irama sêsêg namung 6 wilah, inggih punika:

[Notasi]

Lajêng dipun sênggaki sakarsanipun, punapa sêkar-sêkaran utawi purwakanthi, ingkang isinipun namung 12 wanda.

Manawi sampun jangkêp 3 utawi 4 gongan, irama kasarèhakên, dipun gerongi salisir, kados ing ngandhap punika:

Pola ôngka: 3

[Notasi]

Jangkêp kaping 3 utawi 4 êgongan, dumugi kênong N III lajêng dipun inggahakên (andhawah) lajêng nuthuk wilahan, kados ing ngandap punika:

Pola ôngka: 4

[Notasi]

--- 2035 ---

[Notasi]

[Iklan]

Pola ôngka: 5

Gd. Asmaradana dipun gerongi.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

--- 2036 ---

Arak-arakan Panyêgah Madat ing Bêtawi

Kala ing dintên Sabtu tanggal sapisan, Oktobêr 1938 bab tindak nanggulangi madat ing tanah ngriki, dados satunggaling dintên pangèngêt-èngêt. Ing dintên wau pinanggih dados pasaksèn, bilih tumindaking propagandhah pananggulang madat dipun wigatosakên ing ngakathah. Ebah-ebahaning para neneman, para pandhu tuwin lare-lare sêkolah ing golongan warni-warni sami mangrêtos, bilih madat punika kêdah dipun gêthingi, kêdah dipun sirnakakên tuwin kêdah dipun têbihakên saking golongan umum.

[Grafik]

Pambêsminipun bêdudan.

Wiwit jam 3 siyang ing Rawabangke, kaprênah sawingking sêtatsiun Mistêr Kornèlês, sampun kathah golongan murid sêkolah, golongan pandhu tuwin golonga ulah raga, sami dhatêng ing ngriku, wontên ingkang numpak tram, wontên ingkang numpak sêpur, wontên malih ingkang numpak opêlèt.

Golongan Suryawirawan ibut anggèning nata dhatêng satunggal-satunggaling golongan, ingkang sampun sami katêtêpakên panggenanipun piyambak-piyambak. Bandera-bandera tuwin sêsêratanisêsêratan ingkang suraosipun panyêgah madat sami dipun êdum dhatêng para murid sêkolah.

Jam 4 thèng, arak-arakan wiwit bidhal, sadaya sami gambira ing manah, ngantos supe dhatêng têbihing lampahipun ingkang ngantos 6 1/2 km, ngênêr dhatêng Waterlooplein.

Ingkang dados pangajênging lampah, Suryawirawan satunggal, dipun sambêt musik pakêmpalan Sint Vincentius ingkang mungêl samargi-margi, ngantos adamêl supe dhatêng kêsêling lampah tuwin ngorong, lampahipun jèjèr nyakawan. Lajênging urut-urutanipun, ing sawingking musik, murid, H.I.S. Pêtojo 100, dipun tindhihi para gurunipun, ing sisihipun, Suryawirawan ambêkta têtêngêr No. 1, atêgês bilih punika golongan satunggal, sangajênging golongan wau wontên ingkang mandhi bandera tri warna, minôngka tôndha pambikak margi. Kasambêt golongan 2 Gouv. H.C.S. Willemslaan, cacah 40, ing sisihipun ugi wontên Suryawirawan ambêkta tôndha, ciri No. 2. Lajêng golongan 3 Gouv. H.I.S. gang cendhol, cacah 120. 4 H.C.S. Mistêr Kornèlês, cacah 40. 5 Gouv. H.I.S. Mèstêr Kornèlês [Kornè...]

--- 2037 ---

[...lês] 100. 6 Kasatrianscholen 130. Sandangschool 80. 8 H.I.S. Pasundhan 110. 9 Tamansiswa Kêmayoran 85. 10 Tamansiswa Mistêr Kornèlês 50. 11 H.I.S. Muhkhammadiyah Kêmayoran 40. 12 Muhkhammadiyah Kramat 50. 13 Mulo Muhkhammadiyah Kramat 50. 14 H.I.S. Muhkhammadiyah Mistêr Kornèlês 60. 15, 16, tuwin 17 Unischolen 165. 18 Neutrale Scholen Mistêr Kornèlês 70. 19 O.K.S. instituut 50. 20 Tjokronegaranschool 40. 21 Ichtiar Kemadjoeanschool 30. 22 Moestika Indonesia 25. 23 Clubhuis Kêbonsirih 110, lare-lare Walandi Tionghwa jalêr èstri. 24, 25 tuwin 26 pakêmpalan Korfbal Mos, Groen Wit tuwin satriya 80 jalêr èstri. 27 Pandoe Indonesia 60. 28 J.O.P. tuwin P.O.P. 100. 29 K.B.I. 100. 30 Hisboel Wathon 50, tuwin 31 Suryawirawan 250. Kajawi punika taksih wontên sanès-sanèsipun, sadaya kirang langkung gunggung 2200. Sadaya wau panganggenipun angrêsêpakên ing pandulu.

Saking Bêtawi ugi wontên arak-arakan, cacahipun kirang langkung 1400 ugi ngênêr dhatêng Waterlooplein.

Lampahing arak-arakan wau kajagi ing pulisi, papan panggènaning main tonil dipun pisah kalihan panggènanipun tiyang ningali. Panggènaning tonil wontên ing papan inggil bêlak-bêlakan. Ingkang mêdhar sabda nyonyah Wiriyaatmaja, Tuwan Suryadiputra, Tuwan Kokiyamkit, tuwin Tuwan Wijnhamer alias Pak Wôngsa.

[Iklan]

Ingkang sami arak-arakan dipun sêgah wedang tèh mawi ès, saking thee propaganda Geo Wehry tuwin roti kismis.

Sasampuning rampung mainakên tonil, lajêng ambêsmi bêdudan 1000 iji.

Kirang langkung jam 7.30 wontên tram pintên-pintên dasa grêbong kangge ngantukakên lare-lare dhatêng Mistêr Kornèlês tuwin Batawi kitha.

Tindak wau nama kasêmbadan. Langkung prayogi saupami ing sanès panggenan ugi ngawontênakên makatên.

Ing pangajêng-ajêng mugi tindak wau tumrap ing taun ngajêng sagêda saya majêng tinimbang taun punika.

--- 2038 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Adat Tatacara Dhusun, ing Padhusunan Sakiwatêngênipun Gondhang Bawah Dhistrik Gondhang (Sragèn).

Sampun dados kalimrahanipun, ing satunggil-satunggiling dhusun sami anggadhahi tatacara piyambak-piyambak.

Pramila ing ngandhap punika, kula badhe ngandharakên ngadat tatacara dhusun kasêbut nginggil. Ing bab punika kenging kula perang dados tigang perangan. Inggih punika: 1. Tumindaking acak nyambut damêl anggarap sabin. 2. Ngênèni lan lêbar panèn. 3. Tumindaking sabên dintênipun.

1. Tumindaking acak nyambut damêl anggarap sabin.

Mênggahing para golongan tani ing padhusunan punika taksih nglêluri sangêt dhatêng tatacara ngadat kina. Pramila ngantos dumugi jaman sapunika, inggih dèrèng wontên ewahipun. Caranipun makatên: Para tiyang ingkang sami badhe acak anggarap sabinipun, mêsthi têtiyang ing ngriku sami gupyuk andandosi pirantosipun. Ing sakawit mêsthinipun sami badhe damêl pawinihan rumiyin. Mênggah têtiyang ingkang sabinipun tadhahan (têgêsipun: sagêdipun anggarap namung yèn pinuju môngsa rêndhêng, dados namung mligi angsal toya jawah), punika pandamêlipun pawinihan garingan kemawon. Dados anggènipun nyêbar, yèn pinuju môngsa labuh, kaangkah ngancik rêndhêng, toya kathah, wiji sampun kenging katanêm.

Sadèrèngipun para tani acak anggarap sabinipun, sami ambêkta upêt mêrang rumiyin dhatêng sabin, prêlu kangge dêdupa (ambêsmi dupa) kanthi sêsaji. Sajènipun gêcok mêntah dipun isèni sêkar, jênang bloca, klapa cikalan mawi gêndhis abrit, tuwin lintingan sêdhah (gantal). Dipun sèlèh ing pojokaning sabin ingkang badhe kagarap, kaêmor kalihan dupa. Mênggah kajêngipun, nyênyuwun dhatêng ingkang Maha Kuwaos supados kaparingana wilujêng anggèning anggarap sabinipun. Tuwin malih kanthi anjawab dhatêng kiyai dhanyang nyai dhanyang yèn papan ngriku badhe kagarap, sampun ngantos kagèt lan angganggu damêl. Yèn sampun makatên, têtiyang wau sawêg purun wiwit nindakakên padamêlanipun.

Yèn para tiyang tani wau badhe anjêbol wijinipun (andhaut) badhe katanêm wontên ing têba, ing sadèrèngipun kadhaut, inggih mawi sêsaji kados ingkang sampun kasêbut ngajêng.

Mênggah racak-racakipun, tiyang ingkang anggadhahi sabin wiyar, punika andhautipun dipun sambatakên, utawi dipun têbasakên. Caranipun nyambat andhaut, punika mangkat jam 6.30 wangsul jam 11. Namung [Na...]

--- 2039 ---

[...mung] kanthi dipun ingoni sapisan lan dipun sukani brêkatan nyabuntêl. Yèn sadintên muput, dipun ingoni kaping tiga, inggih punika: enjing, siyang lan sontên, kanthi nyukani sês, gantèn punapadene wedang sacêkapipun. Yèn tiyang wau badhe agêng-agêngan, ropyan-ropyan, ing dalunipun malêm badhe tanêm, tiyang-tiyang ingkang kasambat kala wau, punapadene tôngga têpalihipun, sami kapurih wangsul mriku, prêlu lèk-lèkan, jagongan, kanthi dipun ingoni, ropyan-ropyan wilujêngan sêkul gurih lêmbaran, jadah, jênang, sês punapadene wedang lan sanès-sanèsipun.

Enjingipun, sabin wiwit dipun tanêmi, ingkang tanêm para tiyang èstri ing dhusun mriku,ngriku. kanthi angsal epah kalih gobang mêntas jam 11., tur angsal ingon lan brêkatan, sadèrèngipun wiwit tanêm, inggih mawi sêsaji punapa, tuwin dêdupa. Mênggah ubarampenipun sajèn kala wau: jadah saglindhing, jênang saglindhing, pisang satangkêp, sêkar sataman, slendhang ingkang rêsik kalêmpit, dhuwung tuwin ingkung ayam (lêmbaran). Sadaya sajèn punika, yèn sampun rampung, ingkang awujud têtêdhan, punika dados gadhahanipun ingkang sami tanêm, lajêng kaêdum wradin.

Mêsthinipun sadaya punika wau, panggarapipun inggih kanthi rajakaya, maesa lêmbu, pramila ing ngriki kula prêlu ngaturakên tatacaranipun anggèning milujêngi rajakayanipun.

Yèn milujêngi rajakayanipun, sataun kaping kalih. Inggih punika bibar labuh, utawi bibar anggarap sabin, kalihan bibar panèn. Dene wilujênganipun (ubarampenipun) inggih punika: kupat, lêpêt, uwi, gêmbili, jênang, jadah, waluh, jajan pasar, jênang lêmu, jênang sungsum, tuwin sêkul golong. Dene ingkang ngêpang mligi lare angèn lan modinipun, sasampuning ambêngan kakêpang, yèn sampun bibaran, lare-lare wau sami surak kanthi sêsêkaran, punapadene lunjak-lunjak rambah-rambah.

[Iklan]

Sapunika kula wangsuli malih bab tanêm punika wau. Yèn tanêm sampun umur salapan dintên, inggih punika pêndhak dintên (35 dintên) punika inggih mawi dipun sarati, namanipun maguti. Mênggah maguti punika, ing pojoking sabin majupat dipun tancêbi utawi dipun tanêmi: bung utawi pucukan dêling, godhong katela rambat (jlegor), godhong waru utawi godhong kêsambi. Badhe kasambêtan.

B. Mok. Suhari. L.B.S. Têgalgônda.

--- [2040] ---

Nagari Walandi

Ing ngriki ngêwrat malih wontênipun para raja tuwin utusan saking tanah ngriki ingkang sami anjênêngi pahargyan jumênêngan nata 40 taun. Saha kawontênan ing nagari Walandi.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika: sêtatsiyun gêgana ingkang agêng piyambak ing nagari Walandi, ing alun-alun Schiphol, ingkang kagarap dening gêmintê Amsêtêrdham, wragadipun f 2.000.000.-

[Grafik]

Nanging taksih wontên saperangan malih ingkang taksih kagarap dèrèng rampung. Sisih punika: Kapal kêruk Karimata, kados ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn ngriki, kapal wau badhe kabêkta dhatêng tanah ngriki. Ngandhapipun: Para raja tuwin utusan kasêbut nginggil nalika kêmbul bujana kalihan para golongan kabudidayan tanah ngriki (Indische Ondernemersbond) ingkang maligi kawontênakên pasugatan minôngka ngurmati wangsulipun para tamu wau. Nginggil sisih têngên: Sri Sultan Dhèli nalika nitih sêpur wontên ing sêtatsiun ing Amsêtêrdham badhe dhatêng Hoek van Holland. Saha badhe mampir dhatêng London mriksani tandhingan bal-balan punapadene balapan kapal. Gambar bundêr: Sri Sultan Langkat têtabikan kalihan Kaptin Romswinckel wêwakil dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, nalika bidhal saking nagari Walandi badhe dhatêng Paris.

--- 2041 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Sêsakit pathèk ing Kupang. Ingkang pinanggih ing Kupang, sêsakit pathèk punika kêlimrah sangêt. Patraping suntikan, sabên tiyang kapurih ambayar 25, 10 tuwin 5 sèn, ugi kathah ingkang lêlahanan. Awit saking kadarmanipun raja ngriku, ing taun 1937 sagêd nyuntik tiyang 10.052. Angsal-angsalaning arta f 641.53, rêgining jampi f 1136.96, dados arta ingkang kawêdalakên wontên f 495.43.

Sêsakit mripat ing Sumatra Kidul. Miturut palapuran saking Pakaryan Kasarasan ing Sekayu, Sumatra Kidul, kathah lare-lare sami sakit mripat. Wiwitipun jalaran saking sakit wêtêng, lajêng dados lamur. Miturut papriksan dhoktêr jalaran lare-lare wau saking kêkirangan vitamine A. Ingkang punika dipun prayogèkakên supados lare-lare ingriku sami nêdha daging ingkang kathah gajihipun, janganan tuwin wowohan. Kajawi punika ugi kêdah dipun ombèni levertraan.

Pabrik karèt. Wontên wartos, Yatjiyo Shokai badhe ngêdêgakên pabrik karèt agêng wontên ing Surabaya. Ingkang dipun damêl sêpatu karèt tuwin barang-barang karèt, dene ingkang langkung dipun wigatosakên ing bab bangsaning kangge ambêbuntêl.

Sinau ing Bestuursacademie. Tumrap Jawi Wetan, ingkang dipun piji sinau dhatêng Bestuursacademie Tuwan Subakti, jaksa Pasuruan, Tuwan Kadarman, asistèn wêdana Dringgu, Tuwan Sumarsono asistèn wêdana Prambon, Tuwan Suryowadawa, asistèn wêdana Berbek tuwin Tuwan Suwondo, asistèn wêdana Jêmbêr.

Angsal-angsalanipun Jaarmarkt kapisanan. Nalika Jaarmarkt ing Surabaya kabikak kapisanan, tiyang ingkang malêbêt wontên 5645, pêpetanganipun, tiyang siti 3071, lare 710, bangsa Eropa 1523 tuwin bangsa ngamanca 341. Ingkang dhatêng ningali papan patukangan 1332, kapetang tiyang siti 751, bangsa Eropa 551. Angsal-angsalaning arta f 1724.20.

Kintunan kina dhatêng Tiongkok. Comite babagan amal Tiongkok ing Bêtawi, anindakakên rêrigên pitulungan jampi, kala tanggal 24 Sèptèmbêr 1938 sampun sagêd ngintunakên kina dhatêng Roode Kruis Tiongkok kathahipun 1.000.000 iji kina agêng, tuwin 200.000 kina limrah, kabêkta ing kapal Cibadak. Ing tanggal 30 Sèptèmbêr 1938 ngintunakên malih 3.433.000 iji, kabêkta ing kapal Cisadane. Sadaya wau kangge mitulungi têtiyang ingkang sami sakit malaria.

Tilas warga Raad Kawula wafat. Miturut wartos saking Banjarmasin, Pangeran Moh. Ali, tilas warga Raad Kawula wafat. Ing kala punika gêdhong Raad Kawula ing Pejambon manjêr bandera kakèrèk namung satêngahing cagak.

Durjana ingkang sakalangkung kêndêl. Ing Gang Trate, Bêtawi, mêntas wontên tiyang ingkang kakintên bangsa Turki malêbêt ing satunggiling toko mas, cariyos pados arta mas. Sarêng dipun têdahi arta rupiyah êmas, lajêng dipun rêbat, têrus bablas numpak auto ingkang pancèn dipun tumpaki. Durjana wau lajêng dados bêbujênganing pulisi, wusana kêcêpêng wontên ing Mr. Cornelis nuju wedangan wontên ing wande. Sarêng dipun titi, tiyang wau asli saking Surabaya. Malah pulisi ing Surabaya tampi palapuran, wontên tiyang nyewa auto ingkang lajêng dipun bêkta kesah, sawêg dados padosan. Inggih auto ingkang dipun tumpaki tiyang wau ingkang dados padosan.

Sawung-sawung calon Bupati Kêndal. Ing salowongipun Bupati Kêndal, ingkang kakintên dados sawung, R.M. Joyodigdo, patih Purwodadi, R. Notomudigdo, Patih Kêndal, R.M. Sutiono Sosrobusono, Wêdana Purwokêrto, putranipun Bupati Ngawi, R.M. Czarwitz, Wêdana Jatilawang, putranipun Bupati Kutoarjo, pancènipun ingkang wajib sumilih kalênggahaning rama, nanging kabupatènipun lajêng kasuwak.

Expeditie Wisselneer. Miturut wartos, golonganing expeditie Wisselneer, Nieuw Guinea, sampun manggihakên rakyat ingriku cacah 9500. Têtiyang samantên punika ingkang 9200 golongan bangsa Kapaubus, ingkang 300 bangsa Zanggunus. Ingriku dangu-dangu kêtitik saening pasrawunganipun. Punggawaning expeditie wilujêng, sami sêgêr kasarasan.

[Iklan]

Mulihakên tanêman kajêng cêndhana. Jalaran saking pajênging kajêng cêndhana, têtiyang ing Timur kathah sangêt ingkang nyadèni kajêng wau, kenging dipun wastani mèh nêlasakên kajêng cêndhana ingriku. Ing bab punika lajêng dados panggalihanipun ingkang wajib, saha lajêng nyêgah, tiyang botên kenging mêndhêt kajêng cêndhana sakajêng-kajêngipun, kajawi punika lajêng amardi nanêm kajêng cêndhana malih.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Tuwan Kusmanhadi Prawiro, tijd. wd. Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Stadspolitie Malang, kapindhah dhatêng Turen (Malang). Tuwan Mohamad Sidik, mantri pulisi klas 1 Ngadipuro (Malang), dados mantri stadspolitie ing Malang. Ngabèi Gondowijoyo, mantri pulisi ing Maron (Probolinggo), dados mantri veldpolitie Lawang. M. Margono, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi, dados tijd. wd. asistèn wêdana Sukowono (Jêmbêr). Tuwan Ngasimun alias Arjowijoyo, asistèn wêdana paresidhenan Malang, kapindhah dhatêng Sumbêrjambe (Jêmbêr). R. Nitisudirjo, asistèn wêdana paresidhenan Kêdiri, kapindhah dhatêng Magêtan. R. Mustajab, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Kadêmangan (Blitar), dados tijd. wd. asistèn wêdana ing Pogalan (Tulungagung). R. Rustajami juru sêrat klas 1 jaksa Landraad Kraksaan, dados tijd. wd. motor mabur Kadêmangan (Blitar). M.Ng. Wiryoatmojo, juru tulis klas 1 jaksa Landraad Kraksaan, dados tijd. wd. motor mabur Maron (Probolinggo). Tuwan Brahim alias Atmodiwiryo, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Dringu (Probolinggo), dados tijd. wd. motor mabur ing Sumbêragung (Malang). Tuwan Dulbari, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Pakis (Malang), dados tijd. wd. mantri pulisi Ngadipura (Malang).

Ganjaran bintang. Kaptin-kaptin infanterie F.N. Wensel tuwin J.E. Dieudonne, sami kaangkat dados Ridder ing de Orde van Oranje Nassau kanthi pêdhang. Onderluitenant infanterie M.J. Kuen, tampi eere medaille Oranje Nassau êmas, kanthi pêdhang. Sergeant infanterie M.B. Hauslussy tuwin sergeant infanterie klas 2 L.L. de Costa, Maela, Joyosuparto tuwin J. Pattinema, tampi eere medaille Oranje Nassau salaka kanthi pêdhang. Ganjaran-ganjaran wau saking katrimah anggèning sami sagêd nyirêp rêrêsah koyok sapanunggilanipun ing paresidhenan Bêtawi tuwin Bogor.

--- 2042 ---

[Iklan]

Expeditie Archbold. Punggawaning expeditie Archbold bangsa Eropa ingkang bidhal saking têlaga Habbema kala wiwitaning wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr, anginggahi pucak Wilhelmina, lajêng pasang palêrêban wontên ing papan ingkang inggilipun 4250 m. Ing tanggal 13 Sèptèmbêr, awit saking panêdhaning pangajêngipun expeditie gezaghebber ing Hollandia tuwin nyonyah Hoogland numpak motor mabur dhatêng pucak Wilhelmina. Motor mabur wau kêkalangan wontên sanginggiling palêrêban, ing èrèng-èrènging rêdi katingal wontên saljunipun. Motor mabur lajêng mandhap wontên têlaga Habbema. Para kuli bangsa Dayak botên kuwawi dhatêng hawa asrêp tuwin tipis. Makatên malih sarèhning hawanipun awon tuwin tansah jawah ès, badhe minggahipun dhatêng pucak Wilhelmina kasandèkakên. Expeditie wangsul dhatêng têlaga Habbema.

Barang tênunan gagrag enggal. Ing Bandung badhe wontên pabrik tênun enggal, ingkang badhe ngêdalakên barang-barang ingkang ing tanah ngriki dèrèng wontên.

Lesus ing Malang. Ing Malang mêntas wontên lesus, kathah griya ingkang sami karisakan, wit-witan rêbah, kawat-kawat tilpun tuwin lestrik sami pêdhot.

Pakêmpalan kagunan Bali. Ing wêkdal punika wontên golongan bangsa Bali darmawisata dhatêng tanah Jawi, pêrlu badhe angadani pêpanggihan sarana sêsorah utawi mitongtonakên kagunan Bali tuwin kagunan Jawi. Kajawi punika pakêmpalan kagunan Bali wau inggih badhe mitongtonakên jogèd. Wontên pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ambiyantu.

Tiongkok tumbas arêng sela mriki. Jalaran saking laladan Tiongkok sisih lèr sampun karêgêm Jêpan, tumrap Hongkong tuwin Canton sami tumbas arêng sela dhatêng Samarinda, Borneo.

Nyèlèhakên paboyongan ing Nieuw Guinea. Dèrèng dangu nate wontên rêmbag bilih Kolonisatieraad nêtêpakên rêmbag, botên badhe mitulungi malih dhatêng Kolonisatie ing Nieuw Guinea, adhêdhasar palapuranipun Van Griesfeld tuwin Peereboom Voller. Karampungan punika lajêng kawaradinakên dhatêng babadan-babadan ingkang gêgayutan. Ing salajêngipun Kolonosatieraad gadhah atur dhatêng parentah, supados parentah botên amaringi pitulungan malih dhatêng têtiyang paboyongan ing Nieuw Guinea. Dados bab punika atêgês paboyongan wau botên kêdadosan.

NAGARI WALANDI.

Dhawuh dalêm tarima kasih. Panjênêngan nata Sri Bagendha Maharaja Putri, adhawuh paring tarima kasih dhatêng sadaya pakêmpalan, têtiyang partikêlir ing nagari Walandi, tanah Indiya, Suriname tuwin Curacao, ingkang sami tumut suka-suka ing nalika dhawahing dintên paargyan jumênêng nata 40 taun.

Angin agêng. Kala tanggal 5 wulan punika, ing wanci dalu, ing nagari Walandi wontên angin agêng. Ing Brasemermeer wontên baita motor kasangsaran, adamêl tiwasing tiyang numpak 2. Kajawi punika kathah baita-baita ingkang karisakan.

Ganjaran. Tuwan Van Manen, directeur sepur ing nagari Walandi kaangkat dados Grootofficier in de Orde van Oranje Nassau.

Roode Kruis ngaturakên kasugêngan. Roode Kruis nagari Walandi ngaturi telegram dhatêng Chamberlain, ingkang suraosipun ngaturakên kasugêngan, gêgayutan kalihan karampunganing rêmbag ingkang adamêl wilujêng tuwin anggèning tanpa ngèngêti rêkaos.

TIONGKOK.

Campuhan ing Munshikang. Miturut wartos saking Hankow, wontên golongan wadya Tionghwa sagêd angêbroki Munshikang, salajêngipun ngangsêg mangilèn, badhe nêmpuh mêngsah saking wingking, ingkang sapunika wontên ing Paischicheng. Sarêng wartos unggulipun wadya Tionghwa wau kêmirêngan ing golongan Tionghwa ingkang wontên sakilèn Paishichen lajêng nêmpuh mêngsah kanthi sêrêng sangêt, panêmpuhipun saking wetan tuwin saking kilèn.

EROPA.

Ibu sori Inggris gêrah. Kawartosakên, ibu sori Mary gêrah. Dumugining tanggal 1 gêrahipun têtêp. Botên miyos saking kamar, pêrlu kangge anjagi kasarasan.

Wadya lautan Rus pêrang-pêrangan. Miturut wartos, wadya lautan Sovyet Ruslan ngawontênakên pêrang-pêrangan wontên ing Oostzee. Pêrang-pêrangan sapisan punika botên mawi dipun watêsi namung dumugi Golf Finland. Ajar-ajaran wau kangge anggambarakên tandangipun wadya lautan Ruslan manawi tinêmpuh ing mêngsah.

[Grafik]

Pêpanggihanipun para ministêr. Inginggil punika (sisih kiwa) gambaripun ministêr sajawining praja Prancis, Tuwan Bonnet, nuju pêpanggihan kalihan Litvinoff, ministêr sajawining praja Ruslan, wontên ing Geneve.

--- 2043 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

20

Amila Akut lajêng ngemutakên Jak sampun daya-daya badhe ngêmpali manungsa, langkung prayogi manawi kasabarna sawatawis ngantos sagêd pinanggih kalihan golonganipun kêthèk bangkokan, inggih bangsanipun Akut. Ing ngriku ing têmbe Jak têmtu badhe sagêd manggih sênêng, sarta sadumugining diwasa, bokmanawi lajêng sagêd dados ratuning sadaya kêthèk bangkokan, botên beda kados Tarsan ing kala rumiyin. Nanging Jak botên purun mirêngakên dhatêng rêmbagipun Akut. Piyambakipun adrêng kapengin pinanggih kalihan tiyang bôngsa kulit pêthak. Awit ing batos piyambakipun gadhah sêdya badhe cariyos dhatêng tiyang bôngsa kulit pêthak wau, supados suka pawartos mênggahing kawilujênganipun dhatêng tiyang sêpuhipun ing Inggris. Akut mirêngakên kanthi prêmati, ing ngriku, sanadyan Jak botên purun nyariyosakên punapa salêrêsipun, Akut inggih lajêng mangrêtos, bilih Jak punika sayêktosipun kapengin wangsul dhatêng panggènaning tiyang sêpuhipun.

Jalaran anggagas ingkang makatên punika, Akut lajêng rumaos karônta-rônta manahipun. Awit piyambakipun punika sampun rumaos trêsna sangêt dhatêng Jak, botên beda kadosdene kalihan bapakipun, inggih punika Tarsan. Mênggah trêsnanipun Akut dhatêng Jak utawi Tarsan punika, kadosdene trêsnanipun sagawon dhatêng bêndaranipun, tansah kêkinthil. Ingkang dados pangajêng-ajêngipun Akut, salami-laminipun sampun ngantos pisah kalihan Jak. Ing samangke têtela bilih pangajêng-ajêngipun wau botên badhe sagêd kasêmbadan. Ewasamantên piyambakipun mêksa badhe mituruti punapa ingkang dados sêdyanipun Jak wau. Sanadyan kalangkung-langkung susahipun, Akut mêksa badhe tansah tut wingking lampahipun Jak anggènipun badhe nurut tapakipun tiyang bôngsa kulit pêthak ngantos sadumuginipun.

Kala Jak amanggih tapak wau, kintên-kintên danguning tapak punika sawêg wontên kalih dintênan. Miturut pamanggihipun Jak: Ing sarèhning lampahipun tiyang bôngsa kulit pêthak sapangiringipun ingkang limrah botên rikat, dados têbihipun saking ngriku kados inggih namung lampahan jam-jaman kemawon. Dene ingkang dipun wastani lampahan namung jam-jaman wau, miturut lampahipun Jak tuwin Akut, ingkang limrahipun tansah pêncolotan tuwin lembar-lembaran turut wit-witan, ingkang rikat sangêt.

Saking daya-dayanipun Jak sagêda tumuntên nusul tiyang bangsanipun wau, ing kala punika lampahipun turut wit-witan, langkung rikat tinimbang ingkang sampun, dene Akut ingkang purunipun tut wingking Jak wau, salêrêsipun prasaksat dipun pêksa, lampahipun inggih kados padatanipun kemawon. Ingkang punika saya dangu lampahipun, Akut inggih lajêng saya kantun. Amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih anggèning Jak sagêd nututi tiyang ingkaingkang. dipun bujêng wau langkung rumiyin.

Dene wontênipun garombolaning tiyang ingkang dipun susul dening Jak wau, ingkang wontên ing wingking piyambak tiyang kalih wêlas cacahipun, ingkang sami pêntheyetan anggêgotong. Tiyang wau dipun kêpalani dening para prajurit têtiyang cêmêng, ingkang sakalangkung siya pambêkanipun. Manawi wontên tiyang ingkang dhawah jalaran awrating gotonganipun, lajêng dipun jêjak lan dipun dhupaki. Ingkang kirang rikat lampahipun, lajêng dipun jêjak lan dipun dhupaki. Ingkang kirang rikat lampahipun, dipun gêbag utawi dipun jorog-jorogakên. Dene ingkang lumampah wontên ing ngajêng tiyang bôngsa kulit pêthak kalih cacahipun. Kalih-kalihipun sami ngingah brêngos lan godhèg ingkang mèh nutupi rainipun. Saking bingahipun nyumêrêpi tiyang kalih ingkang dipun anggêp bangsanipun wau, sanalika Jak lajêng anjêlih undang-undang. Nanging wêdaling panjêlihipun wau, bokmanawi jalaran saingsaking. dangunipun anggèning botên sêsrawungan kalihan samining manungsa, kadosdene panggêronipun sato galak. Jalaran saking punika, malah lajêng nuwuhakên nêpsunipun têtiyang kalih bôngsa kulit pêthak ingkang dados pangajêng-ajêngipun Jak wau. Awit sanalika punika têtiyang kalih bôngsa kulit pêthak ujug-ujug lajêng nyambuki dhatêng rencang-rencangipun têtiyang cêmêng ingkang sami anggendhong gotongan ingkang awrat sangêt wau, murih lampahipun sagêda langkung rikat.

--- 2044 ---

Sakêdhap-sakêdhap têtiyang ingkang sami lumampah wontên wingking, makatên ugi têtiyang bôngsa kulit pêthak wau, nolèh dhatêng wingking, kadosdene wontên bêbaya saking wingking. Nyumêrêpi kawontên ingkang kados makatên punika, Jak lajêng kèndêl sakêdhap, lan ing wusana ngêtutakên lampahipun garombolaning têtiyang wau alon-alon. Salajêngipun, Akut nuntên sagêd ngêmpali Jak malih. Tumrap kêthèk bangkokan, nyumêrêpi kawontênan ingkang makatên wau, botên giris kadosdene Jak, ewasamantên piyambakipun mêksa anggêrêng nalika ningali caranipun tiyang bôngsa kulit pêthak misakiti tiyangipun ingkang botên wontên gunanipun wau. Kêthèk bangkokan lajêng nyawang dhatêng Jak, saha nuntên apitakèn, punapaa, sarêng ing sapunika sampun cêlak kalihan tiyang bangsanipun piyambak wau, Jak têka botên enggal-enggal murugi suka wilujêng.

Jak amangsuli kalayan garundêlan: Iki dudu manusa, kiraku bangsaning dhêmit. Aku ora bisa barêngan lêlungan karo wong-wong sing kaya mangkono. Sabab saupama aku nganti mêruhi anggone milara marang batur-bature kaya saiki kiyi, kiraku aku ora bisa ngampêt nêpsuku. Lan wong bôngsa kulit putih iki mêsthi banjur tak patèni. Sasampunipun cariyos makatên, Jak kèndêl sakêdhap saha lajêng wicantên malih makatên: Ewadene aku arêp takon nyang wong kae, ing ngêndi prênahe palabuhan kang cêdhak dhewe. Sauwise aku banjur arêp pêpisahan manèh, Akut.

Kêthèk bangkokan botên amangsuli. Dene Jak lajêng mandhap saking wit-witan saha lajêng enggal-enggal badhe murugi dhatêng garombolaning têtiyang wau. Sarêng sampun watawis cêlak, inggih punika watawis kalih atus mètêr, dumadakan salah satunggalipun tiyang bôngsa kulit pêthak wau nolèh dhatêng wingking sarta sumêrêp dhatêng Jak. Saking kagètipun tiyang wau anjêlih, nyandhak sanjatanipun, kaincêngakên saha lajêng anglêpasakên mimis. Rahayunipun, dene saking ajrihipun, tanganipun tiyang bôngsa kulit pêthak wau ngèwèl, kawêwahan anggèning ngincêngakên sanjatanipun kasêsa, ingkang punika dhawahing mimis lajêng mlèsèt, botên ngèngingi Jak, dhawah ing siti sangajêngipun. Lêt sasêkon malih tiyang bôngsa kulit pêthak sanèsipun, makatên ugi para prajuritipun tiyang cêmêng, sami nglêpasakên mimising sanjatanipun, kanthi ajrih lan trataban, dhatêng Jak wau.

Jak lajêng enggal-enggal mêncolot dhatêng sawingkingipun wit-witan, wilujêng botên kataman punapa-punapa. Mênggah sajatosipun tiyang bôngsa kulit pêthak kalih wau, botên sanès kajawi: Jènsèn tuwin Malbin, sapangiringipun, sampun pintên-pintên dintên tansah kabujêng ing mêngsah. Amila manawi mirêng suwara punapa kemawon, rumaosipun inggih suwaranipun mêngsah ingkang tansah ambujêng-bujêng kemawon wau. Cekakipun têtiyang sadaya wau sabên dintên namung tansah sami anggadhahi ajrih lan kuwatos manawi ujug-ujug katêmpuh ing mêngsah. Amila inggih botên anèh, bilih sarêng sumêrêp wontên tiyang neneman mèh wuda blêjêt kanthi adêdamêl towok, amurugi tiyang bôngsa kulit pêthak wau lajêng enggal-enggal nyandhak sanjatanipun sarta nglêpasakên mimis, ingkang sanalika punika lajêng dipun tiru kemawon kalihan kônca-kancanipun.

Sarêng têtiyang wau sampun sami ical anggènipun kagèt sarta sami ngawasakên dhatêng prênahipun ingkang sami dipun sanjatani, ing ngriku têtela bilih namung Malbin piyambak ingkang sumêrêp satunggiling wêwarnèn, sanadyan botên cêtha. Sawênèhipun tiyang cêmêng, nyariyosakên bilih nyumêrêpi yêktos dhatêng wêwarnèn ingkang sami dipun lêpasi ing mimis wau. Nanging katêranganipun satunggal-satunggalipun sakalangkung beda-beda, ngantos Jènsèn ingkang sajatosipun botên sumêrêp punapa-punapa, lajêng anggadhahi pamanggih, bilih sajatosipun pancèn botên wontên punapa-punapa. Salah satunggilipun tiyang cêmêng nyariyosakên, bilih wujudipun ingkang dipun sanjatani wau, nganèh-anèhi sangêt, inggih punika: abadan manusa, nanging asirah gajah, tur agêngipun kagila-gila. Sanèsipun malih wontên ingkang nêrangakên, bilih ingkang dipun sanjatani wau sayêktosipun tiyang bôngsa Arab tiga cacahipun, ingkang sami anggadhahi badan agêng kalangkung-langkung, malah miturut cariyosipun, tiyang Arab tiga pisan sami agodhèg simbar dhadha ngajrih-ajrihi sangêt. Sarêng têtiyang ingkang lumampah wontên ing wingking mantun anggènipun sami kamigilan, lajêng sami nuwèni dhatêng papanipun wêwarnèn ingkang dipun sanjatani wau, nanging ing ngriku sampun tamtu sampun botên wontên punapa-punapanipun malih. Awit Jak tuwin Akut ing kala punika sampun oncat saking ngriku ngupados papan pandhêlikan ingkang botên kenging dipun sanjata wau. Badhe kasambêtan.

--- 157 ---

No. 40, 8 October, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

JAKSA KANG PINTÊR.

Ing sawijining desa ana wong aran Parta; wong mau wis lawas bangêt manggon ing desa kono. Anuju sawijining dina kêmalingan, dene sing digawa maling, yaiku: pêndhok êmas sarta sêlute mata intên. Kêris mau kêris warisan, tinggalane wong tuwane. Pak Parta enggal-enggal sowan mênyang pangadilan, matur marang ndara jaksa, mangkene: "Ndara, kintên-kintên kalih wulan kapêngkêr, kawula tampi warisan dhuwung pêndhok jêne tuwin sêlut dipun trètès intên, saking tiyang sêpuh kawula, nanging kala wau enjing kêpêndhakan, dhuwung wau ical dipun bêkta ing pandung."

Jaksa ndangu: "Saka pangiramu sapa sing nyolong kêrismu kuwi, apa kowe wêruh?"

Wangsulane Pak Parta: "Inggih sumêrêp, ndara, ing dhusun kawula namung wontên tiyang satunggal ingkang kula criyosi panggenan ingkang kula angge nyimpên dhuwung wau. Dados ingkang mêndhêt têmtu inggih namung piyambakipun.

Jaksa ngandika manèh: "Apa kowe wani mêsthèkake, yèn ora ana wong liyane kang wêruh panggonan olèhmu nyimpên kêris iku?"

Parta mangsuli: "Purun, ndara."

Jaksa nuli dhawuh marang Parta: "Saiki wong kang kodakwa nyolong kêrismu, jakên mrene."

Parta lunga, ora antara suwe têka manèh karo wong aran Jaya. Nuli matur marang jaksa mangkene: "Ndara, punika tiyangipun, ingkang kamipurun mêndhêt dhuwung kawula, sanèsipun punika têmtu botên wontên ingkang purun."

Jaya banjur matur mangkene: "Ndara jaksa, kawula kadakwa nyolong barang darbèkipun pun Parta, anamung sayêktosipun kawula piyambak babarpisan botên rumaos. Wondene buktinipun manawi kawula botên punapa-punapa, nalika kawula dipun ajak sowan ing ngarsa panjênêngan, kawula inggih tumut kemawon kanthi sênêng, inggih amargi saking botên rumaos lêpat."

Jaksa andangu akèh-akèh, nanging Si Jaya têtêp mukir, ature: "Ndara, upami dhuwung punika kawula pêndhêt, gèk lajêng kawula angge punapa? Manawi kawula sade, têmtunipun tiyang-tiyang inggih lajêng sami sumêrêp, bilih punika gadhahanipun Parta. Manawi kawula simpên, wah, rak namung lajêng dados pikiran."

Jaksa banjur mênêng sawatara mênit, nuli ngandika marang Parta: "Parta, dakkandhani ya, wiwit dina iki sing ngati-ati, aja sok kêsusu ndakwa ala marang wong liya, yèn ora ana tandhane. Saiki kowe padha kêna mulih."

Si Jaya atine sênêng bangêt, banjur mênyat arêp milu mulih, nanging banjur diêndhêg jaksa, pangandikane: "E, mêngko dhisik. Jaya, aku ngandêl lan pracaya, manawa kowe ora nglakoni kaya pandakwane Parta. Ananging wong akèh mêsthine mêksa ngira, iya kowe sing nyolong. Lah saiki aku niyat nuduhake marang wong-wong akèh mau, manawa aku pracaya marang kowe sarta kowe pancèn bênêr ora duwe kaluputan! Ayo padha bêbarêngan mlaku-mlaku ing desamu. Aku tuduhna dalan-dalan ing desamu, kabèh bae, poma aja ana sing kliwatan, cikbèn wong-wong padha wêruh, gêdhening pracayaku marang kowe."

Wong loro mau, yaiku jaksa karo Jaya

--- 158 ---

nuli budhal. Sakèhe dalan, gêdhe cilik diliwati. Dene jênênge dalan utawa kampung kabèh padha dicathêti karo jaksa mau. Wêkasane lakune têkan ing pasar. Satêkane ing kono, Jaya matur: "Ndara, sapunika sampun wradin, margi utawi kampung-kampung sadaya sampun panjênêngan langkungi."

O, dadi wis kabèh? Yèn mangkono saiki kowe kêna mulih.

Saungkure Jaya, jaksa banjur nimbali wong loro, tuwa-tuwane ing desa kono, kang wis wêruh kaananing dalan-dalan kabèh. Jaksa dhawuh: "Iki, cathêtan dalan-dalan kang wis dakambah. Apa ora ana sing kliwatan? Coba saiki kowe ngaranana dalan-dalan lan kampung ing kene kabèh."

Wong loro mau nuli ngandhakake jênênging dalan-dalan lan kampung. Wusana jaksa krungu ana kampung kang durung ditêkani. Banjur ndangu: "Sapa sing manggon ing kono. Apa ana sadulure Jaya kang omah-omah ing kono?"

Wong loro mau sawise ngeling-eling sawatara suwe, banjur mangsuli: "O, inggih, ndara, wontên prênah bibèkipun pun Jaya."

Jaksa dhawuh kanthi bungah: "Bêcik saiki aku jujugna mênyang omahe bibèkne Si Jaya."

Têmênan, barêng omahe wong wadon mau digledhah, kêrise Parta kêtêmu ana ing dhuwure lêmari dibuntêl krêtas koran. Kêris nuli dibalèkake marang kang duwe. Dene Jaya banjur dipatrapi paukuman samêsthine.

Bu Mar.

MRIPATMU MUNG LORO.

Bocah-bocah lan sêdulur-sêdulur kabèh, kiraku kowe kabèh mung duwe mripat loro, bokmanawa ana uga sing mung siji thil, mulane eman-emanên ngluwihi rajabrana, sabab wong kuwi yèn wis lamur, gêdhene manèh picak, rumasa cotho banêt. Iya bênêr jaman saiki akèh pabrik têsmak, nanging rak luwih prayoga ta mlaku tanpa têkên tinimbang kêcincugan nganggo têkên? Mripatku dhewe wis burêk, mulane sadurunge kêbacut, kowe dakeman.

Mripat kuwi kaya perangan awak liyane, iya ngêrti kêsêl lan iya kudu ngaso barang. Kêsêle saka nyambutgawe alus, kaya ta: maca, ndondomi, mbathik. Nèk wis kêsêl kokpêksa mêndêlik têrus, ya gêlêm, nanging sarana sambat, malah ngêtokake luh barang. La ya patrap mangkono iki sing ngajak ngrusak mripat. Nyambutgawe ing panggonan kang kurang padhang utawa kêpadhangên uga ora bêcik tumrap mrpiat.mripat. Liya-liyane ora susah dakpratelakake ing kene, sabab mripatmu wis pintêr dhewe, têgêse yèn wis wayah ngaso, matur: "Ndara, mbok êmpun yak, kula êmpun pêdhês (pêgêl) kok". Nèk kowe wêlas, mêsthi gêlêm nyèlèhake pagaweanmu lan ngaso sadhela (± 5 mênit), luwih prayoga manèh yèn kowe sajrone ngaso iku gêlêm nglirik ngiwa nêngên, mêndhuwur mêngisor, saka pojok kiwa ndhuwur mênyang pojok têngên ngisor, lan saka pojok têngên ndhuwur mênyang pojok kiwa, têrus mripatmu ubêngna wiwite saka kiwa manêngên kaya pandom jam, banjur balik saka têngên mangiwa kabèh dibolan-balèni kaping 10 utawa 20, iku kanggo nglêmêsake ototmu mripat, supaya ora kaku lan ilang elestriciteite. Nèk wis mripatmu ucêk-ucêkên nganggo èpèk-èpèk, mêngko rasane pêdhês rak enggal ilang.

Kiraku kowe iku sabên dina ajêg adus ping pindho (kêjaba yèn nuju aras-arasên!), lan rumasa wis cukup lan rêsik.

Prayogane mripatmu kadhangkala ya dusana nganggo boorwarter, yèn ora ana ya banyu rêsik didokoki uyah sêthithik. Nèk ora ana pirantine gêlas (oogglas) nganggoa cawan bae iya apik.

Unchle, Sum.

WITING KLAPA.

I. Witing klapa saluguning para kanca, / Kudu angudi utama, dhasar nyata, / Kanggo sangune yèn tuwa, / gêgamaning golèk têdha. //

II. Mula kowe nggugua pitutur guru, / Mantêpa nggonmu sinau, ayo maju, / Yèn kowe kabèh satuhu, / Gawe sênêng rama ibu. //

III. Yèn sinau kowe kudu ngati-ati, / Samubarang kudu tliti, sing nastiti, / Piwulangan kang wigati, / Kudu mrasuk jroning ati. //

IV. Kowe kabèh padha nyinaua nggambar, / Waton kowe padha sabar, aja samar, / Têtêpungan karo Bu Mar, / Manawa dadi tekênaar. //

W. Wiyana, Kêbonsirih, Bêtawi.

--- 159 ---

NYRITAKAKE LÊLAKONE DHEWE UTAWA LÊLAKONE KANCANE.

Bocah-bocah!

Taman Bocah bakal diwènèhi ênggon kanggo macak karangan-karangan anggitane bocah-bocah dhewe, yaiku karangan kang isi dêdongengan, upamane: nalika milu jagong bapakne utawa ibune -nalika lara- nalika nênonton - nalika lêlungan lan liya-liyane, cêkake lêlakon kang dialami bocah-bocah dhewe. Wus mêsthi bae sing dipacak iya mung sing bêcik, tur sing nyata gaweane dhewe. Dadi bêcika kae yèn olèhe nggawèkake wong liya, iya ora kanggo. Bocah kang karangane kapacak, nganti kaping pindho, -bakal olèh ganjaran buku utawa piranti nulis, nggambar lan liya-liyane, pangaji f 1.-. Kêna ngarani sakarêpe.

Wis padha gawea karangan, kono, yèn wis dadi banjur kirimna mênyang

Bu Mar.

Kinanthi.

Bu Mar.

Bêtawi ingkang winuwus, / Ontên kêmpalan winarni, / Enjang sontên datan kêndhat, / Marsudi kêmpaling siwi, / Amrih sukaning pra mitra, / Rukuna sadaya sami. //

Bu Mar ingkang nêdya nuntun, / Obahing pra mitra sami, / Esuk sore dalu rina, / Mung pados pintêring siwi, / Anglantarkên "Taman Bocah", / Rina Sabtu tamtu prapti. //

Bêbasan kêlêtan gunung, / Ugi ing sanès nêgari, / Ewadene bisa têpang, / Marga "Taman Bocah" iki, / Ayo pra kanca mêmuja, / Raarja Bu Mar sêmangkin. //

S. Siti Sutarti, Muda-Utama.

KÊMBAR TÊLU.

[Grafik]

Mara bocah-bocah dêlêngên gambar ing dhuwur iki, iku gambare bocah kêmbar têlu lanang loro wedok siji; anake wong ing Cibiru (Bandung).

Bocah-bocah mau wis padha disêkolahake nunggal sasêkolahan, lan sabên taun iya padha bisa munggah. Urut-urutane gambar, saka kiwa: iku sing dilairake dhisik, nuli têngah, banjur wedoke sing kèri dhewe.

LÊLUCON.

Kêsupèn.

Ndara mantri guru sawêg gêrah, sampun utusan abdinipun ngundang dhoktêr.

Abdi : "Ndara, punika ndara dhoktêr sampun rawuh."

Mantri Guru : "Kandhaa ora bisa tampa, aku lagi lara!"

Purun (wani).

Guru : "Geneya padha wêdi karo macan? Apane sing diwêdèni?"

Murid A : "Cangkêmipun, sabab untunipun landhêp-landhêp."

Murid B : "Kula kukunipun, sêbab yèn ngruwêk ndrawasi."

Murid C : "Botên, yèn kula cangkêm kaliyakalihan. kuku botên ajrih, ingkang kula ajrihi nyawanipun, janji botên wontên nyawanipun kula inggih purun."

S. Siti Sutarti, Muda-Utama.

Morrod : "Êndhas apa sing gêdhene ngungkuli êndhas gajah?"

Moddod : "Êndhas sêpur."

Morrod Moddod.

--- 160 ---

TÊTUKU.

Wong têtuku iku arang kang anggawa dhuwit trêp, sing kêrêp mêsthi nganggo jujul. Yèn tampa balèn dhuwit saka bakul iku, sawise dietung ganêpe ajine, banjur ditliti apik orane dhuwit-dhuwit mau. Sing gampang dhewe, nêngêri ala bêcike dhuwit salaka, iku sarana dibanting (dithinthing). Satêmêne ninthing dhuwit iku apik ana ing kayu, yèn anaa mono ing karèt sing wangune pasagi dawa (kaya kothak srutu upamane), dadi ora ngrusakake dhuwit. Dhuwit yèn dibanting mlumah ing kayu, unine mêsthi prak, yaiku nalika têmpuke dhuwit lan kayu mau.

Sawise têmpuk karo kayu, dhuwite rak mêndal manèh mêndhuwur. La nuju mêndale iki dhuwite muni "nging". Iku mau yèn dhuwite apik, dhuwit nagara. Yèn pambantinge ana ing pasagèn karèt, têmpuke karèt lan dhuwit prasasat ora nyuwara, mung yèn dhuwite wus mêndal lagi muni "nging".

Dhuwit ringgit (f 2,50) ora susah dibanting, sawise ditliti ana cacade apa ora, tulis-tulisane apa ora pating pletar apa nggêdêbul, japitên têngahe, nganggo pucuk jêmpol lan panuduh, (aja nggêpok kuku, lan uga aja rapêt-rapêt panjapitmu, anggang-anggang bae), banjur sêbulên ing pinggire (sing ana tulisane "God zij met ons"). Panyêbule sing rosa, banjur cêdhakna kuping, mêngko yèn dhuwite apik rak krungu "nging" ngono. Yèn dhuwit sing pinggire mawa kikiran, kêthip (10 cent), talèn (25 cent), têngahan (50 cent), mangka kikirane ora padha jêrone, utawa pating pletar, kêna kapastèkake alane.

Dhuwit ala iku, ana kênthinge sing bêning, nanging rupane blawus, tulisane kandêl-kandêl, ora bundêr, ana sing rada cilik, ana manèh sing wujude plêk karo dhuwit sing lumrah, thinthinge ora muni. Mula ya sing ngati-ati.

Manawa têtuku, dhuwitmu aja kotibakake dhisik, mêngko yèn wis arêp dijujuli bae lagi ulungna, karo munia, pira dhuwitmu sing kok ulungake, upama "sarupiah"' "saringgit" utawa munia susuke, luwih bêcik, dadi "susuk..."

Pêrlune, upama dhuwitmu ringgit, tukonmu sêtêngah rupiyah, mangka wis kok tibakake dhisik, kowe dijujuli "sêtêngah rupiyah" kandhane bakule dhuwitmu rupiyah, mêngko sida dadi udrêk. Apa manèh yèn lête anggonmu nibakake dhuwit mau karo olèhe njujuli suwe, mêsthi ora bêcik dadine.

G. Gambini.

MANGSULI LAYANG.

Sukardi p/a Rêsosêntono, Kertekveg, Wonosobo. Upama samangsa ana bocah ngirimi karangan, Bu Mar ngirimi postblad utawa briefkaart, minangka lirune, 1a pirang atus postblad bae cukupe. Prakara kowe padha ngirimi karangan, iku Bu Mar rak ora mêksa, lan manèh pamacake ing Taman Bocah, iya kudu kanthi palilahe rama Hoofdredacteur utawa Bu Mar dhewe. Aja kokira, yèn karangan-karanganmu kabèh mêsthi kapacake. Dene bab srêgêp lan orane olèhmu ngarang, iku iya mung manut sakarêpmu.

S. Siti Sutarti, Banyumas. Kirimanmu karangan lêlucon wis daktampa kanthi sênêng.

Surtiyah lan Sundari, Sêmarang. Bab sênêngmu ana ing internaat, aku iya bisa ngira-ira dhewe lan aku bungah, dene kowe mrêlokake ngirimi layang nyang Bu Mar. Kêponakane Bu Mar saya suwe saya mundhak akèh.

S. Narni Darmosaroyo, Kauman, Solo. Kirimanmu postblad lan briefkaart sing kari dhewe wis daktampa kabèh. Aja dadi atimu, rada kasèp anggonku mangsuli, marga saka durung kobêr, akèh pagawean.

Siti Fatimah, Jokya. Karanganmu recept-recept dhaharan wis daktampa, nanging dadia kawruhanamu, Taman Bocah ora macak recept-recept, kajaba yèn ana pitakon saka kêponakan salah siji, tur pitakon mau mung sathithik.

Timan, Surabaya. Prakara anggone ngirimake Kajawèn mênyang para langganan, sabênêre Bu Mar ora ngrêti apa-apa, wis ana kang kapasrahan dhewe. Mangkono uga bab postwissel. Mula bêcike murih cêthane, kowe kirima layang bae mênyang administratie.

Subiyati, Cêpakaputih - Tanahtinggi, Bêtawi C. Kapriye saiki kabare, apa tampamu Kajawèn wis ajêg, apa isih di "stop" ana ing dalan? Pancèn kêras bangêt, ora nganggo mawang wonge, sing sapa ora enggal bayar kaya mêsthine, iya banjur distop. Anggonku nampani layangmu, sawise administratie maos, dadi administratie iya wis ngrêti kapriye mungguh surasaning layangmu.

Arminah, Lawiyan, Solo. Aku wis tampa layangmu lan kirimanmu karangan, lagi dakpikir-pikir dhisik, kapacak utawa orane.

Katiyah, Surakarta. Kirimanmu prentbriefkaart wis daktampa kanthi sênênging ati.

S. Sunjaya, Banyubiruweg 6, Salatiga. Cuwa atiku, dene anggonmu ngirimake batangan cangkriman wis kasèp, batangane wis kapacak wingi-wingi. Pancène iya apik bangêt, sarta cocog karo têmbange.

Sutarsih, 1.1. Rêtnomurti, Rêmbang. Yèn kowe arêp kirim bêbasan, kanthi katêrangan cêtha mungguh têgêse, iya bêcik. Dene karanganmu sing dhisik ora kapacak marga wis kêrêp kawruhan ing wong akèh, kaya ta "Sontên-sontên", kae rak wis ana ing reclame Maizena Duryea, ta? Mung kari niru bae. Mangkono uga liyane.

Tasirih, Rêmbang. Aja pisan dadi atimu, karanganmu lêlucon ora kapacak, marga kurang apik. Prakara pitakonmu Dukasri iku lanang utawa wedok, iku aku iya ora bisa mangsuli, jalaran yèn kirim layang nyang Bu Mar, ora tau nyritakake awake dhewe, lan manèh Bu Mar uga ora tau nakokake lanang wedoke.

Srihayu, Rêmbang. Mula yèn ngirimake karangan, iku kudu sabar, ora bisa enggal-enggal kapacak, kudu gêntenan papan karo liyane. Karanganmu bab "Wong dadi macan" pancèn ya apik. Kapan kowe ngirimi karangan sing lucu manèh?

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 82, Rê Kli, 17 Ruwah Jimawal 1869, 12 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2045] ---

Ôngka 82, Rê Kli, 17 Ruwah Jimawal 1869, 12 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Palabuhan - Pundi Margining Kamulyan - Lêlampahanipun Radèn Wôngsadinama - Bab Tanêman Pisang - Adat Tatacara ing Dhusun - Kawontênan Sajawining Praja - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Palabuhan

[Grafik]

Sêsawangan palabuhan ing Bulèlèng, pulo Bali.

--- 2046 ---

Raos Jawi

Pundi Margining Kamulyan.

Para tiyang sêpuh sami anggrêgut anggèning ngupadosakên kasagêdan anak-anakipun, botên ngetang kathahing waragad ingkang dipun wêdalakên, paribasanipun ngantos dipun rencangi: nêkêk gulu, ningsêti bangkekan, inggih dipun têmah, saugi anakipun kalêksanan sagêd. Mila makatên, awit saking pangintênipun tiyang sagêd punika gampil anggènipun ngupados sandhang têdha.

Pangintên ingkang kados makatên wau kala rumiyin pancèn inggih lêrês, lare wêdalan pamulangan Jawi ôngka kalih kemawon, ngupados balônja sawulan f 15.- botên kangelan.

Nanging ing samangke kadospundi, tiyang pintêr sampun kathah, jêbul malah kathah angguran, awit saking rêkaosipun ngupados padamêlan ingkang laras kalihan kasagêdanipun. Manawi sagêd angsal padamêlan, balanjanipun botên mingsra, botên timbang kalihan waragadipun puruhita.

Ing môncapraja ingkang têtiyangipun pintêr langkung kathah tinimbang kalihan ing ngriki, tur kasagêdanipun sampun nama onjo sangêt, ngantos angedab-edabi saha angeram-eramakên, ewadene wontênipun angguran inggih sangsaya kathah, kawontênaning praja botên têntrêm, ngrika-ngriki tuwuh dahuru, ngantos adamêl giris saha kêkêsing manah.

Punapa punika ingkang nama: pintêr kêblingêr. Yèn makatêna, kêblingêr ingkang kadospundi, punika ingkang tansah dados pitakenan.

Wontên paribasan: wong bodho iku dadi pangane wong pintêr, punika dhasar nyata. Amila sami anggrêgut ngudi kasagêdan, inggih sampun ngantos dados têdhanipun tiyang pintêr. Nanging sarêng sampun kathah tiyang pintêr, jêbul malah tuwuh jaman mêlas asih makatên. Adhuh, ewuh aya têmên.

Lah, yèn makatên pundi margining kamulyan punika. Saking pamanggih kula botên sanès namung tatanan.

Tatanan ingkang sae saha lêrês punika tatanan punapa. Awit tatanan punika warni-warni.

Sadaya tatanan sae lan inggih lêrês, tôndha yêktinipun ingkang gampil kemawon, tiyang sagêd mirsani ing sêrat-sêrat, pitêdah saha wêwarahipun sadaya tumuju dhatêng kamulyaning lair batos.

Lah, têtiyang saindênging bawana punika ingkang kathah harak inggih sami ngangge tatanan sae. Nanging sabab punapa kawontênaning donya botên sagêd tata têntrêm makatên, ing ngrika-ngriki kamirêngan pasambat ingkang amargi kacingkrangan sandhang têdha, tansah wontên dahuru saha wontên pêrang.

O, inggih lêrês kathah têtiyang ingkang sami nêtêpi tatanan sae. Mila saindênging bawana dèrèng sagêd tata têntrêm, mêsthi wontên sababipun, ngèngêtana manawi anggêr saha ugêring bawana punika botên goroh, wajida wajidahu, sapa têmên-tinêmênan. Dados lajêng gampil anggènipun anggagapi, bilih têtiyang wau ingkang kathah

--- 2047 ---

anggèning nindakakên parentahing tatanan kirang têmên utawi dèrèng salêrêsipun.

[Iklan]

Wontên pitakenan: tatanan wau punapa.

Tatanan wau pranatan ingkang mêngku wêwarah saha pitêdah murih kawilujêngan saha kamulyaning lair batos, ing donya dumugi ing dêlahan.

Manawi miturut wêwarah ing dalêm Sêrat Wedhatama, ingkang dipun wastani tatanan wau agama agêming aji. Makatên ungêlipun:

[Pangkur]

Mingkar mingkuring angkara / akarana karênan mardi siwi / sinawung rêsmining kidung / sinuba sinukarta / mrih krêtarta pakartine ngèlmu luhur / kang tumrap nèng tanah Jawa / agama agêming aji //

Manawi dipun waos sak klebatan saha dipun raos sakêplasan, tiyang lajêng amastani bilih ingkang wênang ngagêm agami punika namung panjênênganipun para nata, utawi amastani bilih tatananipun para nata punika beda kalihan akathah.

Nanging manawi dipun gagas ingkang panjang saha dipun gagapi ingkang anjalimêt, pamanggih ing nginggil wau botên mathuk, jêr mênggahing tatanan punika dipun anggea sintên kemawon inggih kenging, botên mawi pilih-pilih, tur inggih botên beda, ingkang pinanggih beda punika namung pamanggihipun satunggal-tunggaling tiyang, têrangipun: tatanan sae punika ing pundi kemawon inggih sami. Badhe kasambêtan.

Ki Darmaprawira.

--- 2048 ---

Antêp ingkang Andugèkakên Sêdya

Lêlampahanipun Radèn Wôngsadinama.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Sarêng tumapaking taun 1924 padamêlanipun Radèn Wôngsadinama sagêd tumindak malih, sagêd anocogi pêkênipun, saha dumadakan sagêd sêsambêtan padamêlan cap kalihan Mas Jayèngkarsa ing Ngayogyakarta, sagêd jodho, anggènipun andadosakên cap ngantos rêrêgèn ewon rupiyah, lêstantun ngantos dumugi taun 1928.

[Grafik]

Kala mahargya Radèn Wôngsadinama tampi bintang.

Sarêng taun 1929 dumugi taun 1932, panggaotanipun mundur malih nandhang kapitunan f. 4000,-. Sarêng panggaotan wau wiwit kêndho, inggih punika ing taun 1929, Radèn Wôngsadinama kêtuwuhan pamanggih badhe nindakakên padamêlan sanès, nanging tansah kandhêg, wusana lajêng gadhah kêkêncêngan badhe ngêdêgakên panggaotan tênun.

Ing kala samantên ing Surakarta dèrèng wontên ingkang anggadhahi panggaotan kados makatên babar pisan, mila pangudinipun Radèn Wôngsadinama dhatêng babagan punika inggih sakalangkung anjalimêt, pamawasipun Radèn Wôngsadinama ing kala punika tumuju dhatêng panggaotan tênun ing Jawi Wetan. Sasampunipun sagêd mangrêtos dhatêng lêbêtanipun lajêng sagêd sêsambêtan kalihan pamulangan tênun ing Surabaya. Saha kalampahan sagêd tumbas pirantos tênun kanthi pitêdahipun pamulangan tênun wau, malah dipun sukani guru pisan, lajêng dipun tindakakên wontên ing Surakarta. Panggaotan wau dipun namakakên Erste Solosche Tenoen-Industrie Mardi-Istri. Sarêng sawêg tumindak satêngah taun, lajêng kèndêl sawatawis wulan, amargi dipun tilar gurunipun, lajêng angsal guru malih, botên dangu inggih kèndêl malih. Mênggah panggagasipun Radèn Wôngsadinama, pinanggihing lêlampahan ingkang kados makatên wau, botên sanès jalaran saking anggèning Radèn Wôngsadinama piyambak botên mangrêtos dhatêng babagan punika.

Sarêng babagan punika dipun cêpêng piyambak, Radèn Wôngsadinama lajêng gadhah atur dhatêng Ir. R.M.P. Surahman, ingkang wajib kaparênga ngawontênakên amtênar ingkang dipun pasrahi maringi sêsuluh bab tênun.

--- 2049 ---

Kalampahan ing Ngayogyakarta dipun wontêni, ingkang kapiji Mas Aburisman, lajêng paring pitêdah warni-warni ngantos sapriki.

Amangsuli cariyos, sarêng Radèn Wôngsadinama ngêdêgakên padamêlan babagan tênun punika, ing bab panggaotanipun bathik dipun tindakakên ingkang èstri piyambak. Sarêng padamêlan tênun sampun mapan, Radèn Wôngsadinama tumut nyêpêng padamêlan babagan bathik malih, dados cêpênganipun warni kalih, malah wontên malih padamêlan sampiran ingkang dipun tindakakên inggih punika Sport artikelen Handel, lêstantun dumugi taun 1936.

Panggaotanipun Radèn Wôngsadinama saya pinanggih majêng, tumrapipun ing Surakarta pinanggih onjo. Dangu-dangu Radèn Wôngsadinama sagêd sêsambêtan kalihan Persatoean Peroesahaan Batik Boemiputra Soerakarta, ingkang cêkakanipun P.P.B.B.S. Ing ngriku Radèn Wôngsadinama katingal damêlipun ing bab gêgayutanipun kalihan panggaotan bathik. Kathah tindak-tindak ingkang mikantuki tumrap ajênging panggaotan, wusana lajêng ing wulan Marêt taun 1937 kaangkat dados warga Raad an Advies. Ing sakawit Radèn Wôngsadinama botên mangrêtos babar pisan dhatêng lampahing pakêmpalan, nanging jalaran saking mantêp tuwin kajêng, dangu-dangu inggih kulina.

Majêngipun Radèn Wôngsadinama wontên ing kalangan punika nama ambrêngkut yêktos, saha lajêng kêpêksa ngawontênakên tatanan enggal tumrap panggaotanipun piyambak, murih sagêd tumindak sami sakecanipun.

Ing ngriku katingal, bilih sajatosipun tumindaking damêl Radèn Wôngsadinama tansah gêgandhengan kalihan ingkang èstri, Radèn Ngantèn Wôngsadinama, kenging dipun wastani ingkang èstri wau andombani. Saha ing ngriku kanyatan bilih tumindaking damêl Radèn Wôngsadinama kalihan ingkang èstri wau ngantos kandhas yêktos dumugining babagan ingkang wêrit-wêrit tuwin ingkang agêng-agêng. Dados cêkakanipun adêking panggaotanipun wau dipun awaki ing tiyang kalih. Wusana pinanggih saha andêdêl, saha dados satunggiling panggaotan ingkang agêng yêktos.

Kala kangjêng tuwan ingkang wicaksana têdhak ing Surakarta, ugi nguningani dhatêng kawontênaning panggaotanipun Radèn Wôngsadinama. Adamêl karênan.

Anyarêngi kala wiyosan Dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, Radèn Wôngsadinama tampi kanugrahan ganjaran bintang êmas alit.

Andharan ing bab Radèn Wôngsadinama, dipun punggêl samantên, awit tumrap ingkang kaparêng migatosakên, kados sampun sagêd manggalih piyambak dhatêng ajênging bôngsa Jawi ingatasing panggaotan, dene sampun sagêd mawas dhatêng têbaning jagad panggaotan, ngantos sagêd gêgandhengan kalihan para agêng tuwin parentah. (mriksanana Kajawèn nomêr 56, 13 Juli 1938). Makatên ugi tumraping wanita bôngsa Jawi, punika inggih wontên ingkang tumindak ing damêl ingatasing panggaotan sampun lêpas yêktos, malah kenging dipun wastani sampun jêmbar têbanipun.

Wusana mugi dadosa sêsuluh ingkang mikantuki dhatêng kalangan among dagang.

--- 2050 ---

Bab Tanêman

Bab Tanêman Pisang.

Bakuning têdhanipun tiyang sajagad punika warni-warni sangêt, upaminipun: pantun, gandum, jagung, sagu, pohung, pisang sapanunggilanipun. Tumrap bôngsa Eropah dèrèng kraos marêm utawi lêga yèn dèrèng nêdha roti, sanadyan sampun nêdha punapa kemawon. Tumrap bôngsa Jawi, Tionghwa, Jêpang tuwin sanès-sanèsipun, sanadyan sampun nêdha têtêdhan warni-warni mêksa dèrèng kraos mangsêg manawi dèrèng kalêbêtan sêkul.

Bôngsa Jawi ing parêdèn, marêmipun manawi sampun nêdha sêkul jagung, manawi namung sêkul pantun kemawon, cariyosipun kêkiyatanipun suda.

Têtiyang siti ing kapuloan Maluku bakuning têdhanipun sagu, inggih punika bangsaning arèn dipun pêndhêt sapathinipun, wontên sawênèhing bôngsa ingkang kangge têdha baku punika pohung. Wontên ugi bôngsa ingkang minôngka bakuning têdha punika pisang.

Mênggah patraping pangolahipun pisang, sakawit pisang ingkang sampun sêpuh dipun oncèki rêsik, sasampunipun dipun oncèki tumuntên dipun pe ngantos garing, lajêng dipun dhêplok ngantos lêmbat, lajêng dipun dang, bilih sampun matêng tumuntên katêdha. Dhêplokan pisang punika sagêd kasimpên ngantos dangu, sabên-sabên badhe nêdha lajêng dipun dang utawi dipun kukus.

Tumraping tanah Jawi ngriki, pisang punika botên kangge baku têdha. Limrahipun namung kangge dhêdhaharan utawi lêgi-lêgi mêntas dhahar, nanging botên sadaya pisang kenging kadamêl dhêdhaharan utawi kangge lêgi-lêgi, mawi-mawi pisangipun. Upaminipun pisang kluthuk kangge lêgi-lêgi, inggih aras-arasên nêdha, amargi saking kathahing isinipun.

Mênggah nama-namaning pisang punika warni-warni sangêt, tumrap satunggal-satunggaling panggenan botên sami anggènipun mastani. Ingkang sampun kula sumêrêpi inggih punika: pisang susu, ambon, blitung, raja, mas, gêbyar, gabu, kapokan, gêmbor, ijêm, sasi, jaran, ampyang, jambe, lêmpènèng, klemas, rayap, kidang, sèwu, kluthuk lan sapanunggilanipun. Anggènipun damêl nama punika bokmanawi manut dhatêng raos utawi wujuding pisang. Ingkang dipun wastani pisang mas bokmanawi jalaran saking wujuding pisangipun jêne kados êmas. Ingkang dipun wastani pisang jaran jalaran wujuding tundhunan andêngkèng kados gêgêring kapal. Pisang jambe awit pisangipun buntêk-buntêk kados jambe. Pisang sèwu amargi wohipun kathah sangêt ngantos satêlasing tuntutipun. Dipun wastani pisang kluthuk jalaran saking kathahing isinipun, manawi dipun têdha kêmluthuk.

Tiyang nanêm pisang punika limrahipun dipun angkah wohipun. Kajawi dipun angkah wohipun inggih dipun angkah perangan-perangan sanèsipun, upaminipun: godhongipun kenging kangge mêmungkus, langkung-langkung godhong pisang kluthuk, punika sae sangêt kangge mêmungkus, jalaran wulêd. Pupusipun kenging kangge nglinting sês, sarana dipun godhog [go...]

--- [2051] ---

[...dhog] rumiyin lajêng kaêpe ngantos garing. Klaras ugi kenging kangge amêmungkus utawi kangge nglinting sês. Tuntutipun kenging kapêcêl utawi kagudhang, gêdêbogipun kangge ambuntêli tempe, trêkadhang kangge manggung ringgit. Gadêbog ingkang sampun garing kangge tangsul. Dados botên namung wohipun kemawon ingkang migunani, malah sadaya peranganing witipun kenging dipun alap paedahipun. Ingkang punika dados pisang punika ugi kegolong têtuwuhan ingkang kathah paedahipun, sami kemawon kalihan wit klapa.

Wontên ugi tiyang ingkang nanêm pisang namung kangge pêpêthetan kemawon, jalaran saking sae utawi nganèh-anèhi, inggih punika pisang sèwu.

Limrahipun pisang punika dipun tanêm wontên ing pakawisan utawi ing patêgilan, wontên ugi ingkang dipun tanêm ing sabin. Nanging manawi nanêm pisang wontên ing sabin, godhongipun botên kenging dipun alap, amargi sami suwèk pating sluwir katêrak ing angin sabên dintên, dados botên kenging kangkekangge. ambêbuntêl. Sanajan ta pisang punika wontên ingkang mawa isi, punapa malih pisang kluthuk punika isinipun kathah sangêt, nanging isinipun pisang punika botên sagêd thukul. Jalaran saking isinipun botên sagêd thukul dados botên wontên tiyang nanêm pisang sarana andhêdhêr wiji. Kadosdene wit-witan sanèsipun. Lan malih wit pisang punika botên kenging dipun turus utawi dipun cangkok, dados patrap pananêmipun pisang punika namung sawarni, inggih punika sarana mêncarakên anakipun. Badhe kasambêtan.

Rutam Purbalingga.

[Iklan]

--- 2052 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Adat Tatacara Dhusun, ing Padhusunan Sakiwatêngênipun Gondhang Bawah Dhistrik Gondhang (Sragèn).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81

Yèn tanêm sampun wanci mêtêng, mèh badhe anjêbrol, punika ingkang gadhah sabin lajêng ambucali rujakan, namanipun ngrujaki. Miturut piandêlipun tiyang ing ngriku, yèn tanêm pinuju mêtêng punika, sami kêpengin rujak.

2. Ngênèni lan lêbar panèn.

Mêndhêt pêpiridan saking têtêmbungan ing nginggil punika, miturut kajêng kula, nyukani ancêr-ancêr utawi kangge milahakên kawontênan nalika panèn utawi ngajêngakên panèn ngantos dumugi bibar panèn.

Sampun dados kalimrahanipun tiyang ing ngriku, inggih punika pantun pinuju kumêmping, utawi ngajêngakên sêpuh, têtiyang ing mriku lajêng sami ngêmping, inggih punika pantun ingkang sawêg satêngah sêpuh, dipun krotog utawi dipun panggang. Yèn pantun sampun matêng, katingal mlêthèk-mlêthèk, lajêng dipun êntas, dipun uruti, dipun dhêplok ngantos gèpèng-gèpèng, dipun tapèni rêsik.

Yèn pinuju makatên punika, têtiyang sami damêl kêba, ingkang kadamêl mendhong utawi pandhan. Prêlu kangge wadhah êmping punika wau.

Yèn pantun sampun sêpuh saèstu, wiwit badhe dipun ênèni. Nanging sadèrèngipun dipun ênèni, kêdah dipun pêthik rumiyin, dipun wilujêngi, dipun dupani. Namanipun mêthik mêndhêt ngantenan. Mênggah ingkang kangge wilujêngan (sêsaji), ubarampenipun kados ing ngandhap punika.

Kupat, lêpêt, uwi, gêmbili, kimpul, jênang, jadah, kêtela pohung (kenging kacêkak bôngsa krowodan). Pisang satangkêb, sêkul salawuhipun, panggang ayam, tuwin mawi bakaran gêrèh pèthèk.

Dene ingkang mêthik, utawi ingkang mêndhêt ngantenan punika racakipun tiyang jalêr, bapak utawi êmbahipun. Kangge umumipun ing ngriku, pamêndhêtipun ngantenan 4 jodho, dados wolung kiling (agêm). Pantun ingkang kaanggêp ngantèn punika wau, dipun borèhi, dipun sukani sêkar, dipun wêdhaki, utawi dipun parêmi, dipun robyong kadosdene pangantèn saèstu. Yèn anggènipun makatên punika sampun rampung babarpisan, ambêngan sampun kakêpang. Punapadene pojok-pojokan sabin tuwin gubugipun sampun dipun bucali sadaya, têtiyang ingkang badhe ani-ani, sawêg kenging tumapak (wiwit).

Manawi anggènipun ngênèni sampun rampung sadaya, saha sampun dumugi griya, lajêng wiwit dipun êpe ngantos garing saèstu. Lajêng dipun bêlah, dipun tangsuli, sabên tigang kiling kadadosakên satunggal, namanipun sabêlah. Mênggah têtiyang ing ngriku, pangetangipun pantun botên dhacinan, mawi: bêlahan, gèdhèngan, bawonan lan amêtan. Sabêlah wontên tigang kiling, sagèdhèng wontên kalih [ka...]

--- 2053 ---

[...lih] bêlah, sabawon wontên wolung bêlah tuwin saamêt wontên nêm bawon utawi kawandasa wolung puluh bêlah. Yèn pantun sampun dados bêlahan sadaya, tuwin sampun kawical pintên amêt cacahing pantun, lajêng dipun inggahakên utawi kasimpên dhatêng lumbung. Tindak makatên punika inggih mawi sêsaji lan dupa. Sajènipun sami kemawon kalihan mêthik punika wau. Ingkang gadhah, inggih punika ingkang èstri, manawi badhe mêndhêt pantun dhatêng lumbung, sawêg ambikak korinipun, sampun maos bismillah lan alphatekah, punapadene sahadat. Kados makatên punika sampun dados kalimrahanipun. Yèn sadaya tôngga têpalihipun sampun sami rampung anggèning ngupakara punapadene nyimpênipun, lajêng sami wilujêngan ropyan-ropyan agêng-agêngan. Inggih punika wontên griyaning lurahipun. Makatên punika, manawi cara ngrika, dipun wastani bêrsih dhusun (rêrêsik dhusun) ngrêsiki sadaya sambekala.

Yèn pinuju makatên punika, tiyang dhusun ngriku sampun urunan nanggap ringgit wontên ing griyanipun kêpala dhusun, dangunipun sadintên sadalu. Trêkadhang lurahipun mragat maesa utawi lêmbu, punapadene menda. Dene bab tumindaking wilujêngan makatên:

Ubarampenipun inggih punika ingkang kangge wilujêngan sêkul dipun buntêli, kanthi lawuhipun punapa. Jadah, jênang dodol, opak rêngginang, jêmbul, pisang, bôngsa wowohan sanèsipun malih. Tape, tuwin bôngsa krowodan sanès-sanèsipun.

[Iklan]

--- 2054 ---

Jêmbul. Ing ngriki wontên têmbung jêmbul, punika ingkang kadamêl dêling. Dêling dipun sisiki, pucuk mêrit mêntul-mêntul, manawi dipun dèkèki sêsêkaran warni-warni, tuwin dipun dèkèki opak rêngginang, punapadene jadah sapanunggilanipun, pating prêntul.

Dene jêmbul punika wau, sadaya dipun tancêbakên wontên ing gunungan inggih punika, dêbog ingkang dipun dêgakên wontên ing meja bundêr, meja kasèlèh wontên ing têngah plataran, dene cacahipun gunungan kalih.

Yèn sampun makatên, modin wiwit anggiyarakên, kanthi dipun amini tiyang sadhusun sadaya, sêsarêngan. Suwaranipun gumrênggêng kados tawon alihan. Sasampunipun dipun dongani, ambêngan lajêng kakêpang, kaêdum waradin, nuntên sampun kabêkta wangsul dhatêng griyanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun punika, ringgit nuntên wiwit. Tiyang-tiyang kala wau sami mriku malih, prêlu ningali ringgit ngantos sakatogipun.

Sasampunipun para maos nguningani punika, samangke lajêng sagêd manggalih, punapadene nocog-nocogakên kalihan tatacara ngadat ing padhusunanipun piyambak-piyambak, punapa bedanipun.

B. Mok. Suhari. L.B.S. Têgalgônda.

Kawontênan Sajawining Praja

Pangrantamipun Polkênbon jugar.

Adêging nagari Tsjechoslowakije, kados ingkang sampun nate kaandharakên ing Kajawèn, punika saking kalêmpaking sêmpilan-sêmpilan nagari ingkang katindakakên sasampunipun bibar pêrang. Dene ingkang dados cagaking adêgipun wau Polkênbon tuwin prajanjian ing Versailles. Dene ingkang kêjuwing-juwing Ostênrik Onggareyê, mila kala adêging Polkênbon taksih têtêp, anggèning ngayomi Tsjechoslowakije inggih raos ayom sayêkton,sayêktos. têgêsipun, Polkênbon taksih dipun aosi.

Jêrman, ingkang rumiyin dados warganing Polkênbon, sampun dangu anggèning angunduri, atêgês sampun nêdha mêdal. Wontênipun makatên, amargi Jêrman mangrêtos bilih adêging bêbadan wau namung badhe damêl kandhêging kamajênganipun Jêrman. Malah Itali, Jêpan tuwin Amerikah sampun sami ngrumiyini mêdalipun. Môngka adêging Polkênbon punika ing ngajêng tuwuh saking pamanggihipun Wilson, Presidhèn Amerikah. Mênggah ancasipun Polkênbon, punika botên sanès akajêng rêrukunan, anêbihi dhatêng tindak paprangan. Mila sarêng wontên orêg-orêgan punika, Inggris tansah andhêsêk dhatêng pramukaning Polkênbon, sagêda cawe-cawe dhatêng golongan Jawi, inggih punika Jêrman tuwin Itali, sagêda sami angêmori rêmbag. Saha katingalipun sajak botên anggêpok dhatêng babagan Tsjechoslowakije.

--- [2055] ---

Prancis kêdhêsêk.

Adêgipun Prancis, punika santosanipun kêdayan saking Polkênbon. Ing sapunika wontên sêsulakipun bilih ingkang ajak-ajak ngawontênakên pêpanggihan ing Munchen punika Prancis, nanging gêlaripun Prancis mawi aling-aling Inggris, malah anggèning aling-alingan katingal brukut. Wontênipun makatên, amargi Prancis samar manawi ngantos dipun wastani anyidrani prajanjian kalihan Tsjechoslowakije. Môngka Prancis punika rakêt sangêt kalihan Tsjechoslowakije, mila pakèwêd sangêt saupami ngantos masrahna Tsjechoslowakije dhatêng Hitler. Dene tumrapipun Inggris pancèn botên gayutan punapa-punapa, botên wontên ingkang adamêl kawratanipun. Ingkang makatên wau lajêng katingal sêsulakipun gêgayutan kalihan wolak-waliking jaman, Prancis namung sarwa kêdhêsêk, kêpêksa ering dhatêng nagari ingkang dipun anggêp mêngsah, inggih punika Jêrman.

[Iklan]

Jêrman ingkang nguwaosi Eropah Têngah.

Pancèn gara-garaning praja ingkang nêdya pasulayan punika sagêd angewahakên kawontênan, kados ta Tsjechoslowakije, ing sapunika katingal anggèning mêntiyung dhatêng Jêrman, môngka ing ngajêng dados kancuhipun Prancis. WonlênipunWontênipun. makatên, kajawi gadhah raos andhongkol dhatêng Prancis, ugi kêtarik jalaran saking kawontênan. Mila kêpêksa adamêl lèrèhing presidhèn, Tsjechoslowakije, Benesj, ingkang apangawak satunggal kalihan Prancis tuwin pangajênging Polkênbon. Sèlèhipun wau akajêng murih tumindaking paprentahanipun Syrovy ingkang tumuju dhatêng Jêrman botên kêagru-agru. Ingkang makatên wau namung badhe pados pratôndha kasêmbadaning Hittler anggèning badhe nunggilakên Tsjechoslowakije dhatêng Jêrman. Dene ingkang dipun pakèwêdi Tsjechoslowakije punika Ruslan, awit gadhah prajanjian, nanging prajanjian wau inggih sampun araos wudhar, dening Tsjechoslowakije sampun damêl prajanjian enggal kalihan Inggris, Prancis, Jêrman tuwin Itali. Ing ngriku Prancis kêsêmpyok awon saking Ruslan, amargi Prancis punika ugi tumut prajanjian kalihan Tsjechoslowakije tuwin Ruslan. Manawi makatên, tumrap Prancis saya kecalan mitra, awit Rumêni tuwin Yugoslapiyê inggih badhe angoncati Prancis.

Tumrap Rumêni tuwin Yugoslapiyê, punika ugi tansah nyamarakên dhatêng pandhêsêgipun bôngsa Honggari, awit Honggari sampun andhêsêg Tsjechoslowakije nêdha laladan, botên sande tamtu mrèmèn dhatêng Rumêni, amargi ugi kathah

--- [2056] ---

bôngsa Honggari ingkang manggèn ing Rumêni. Môngka tumrapipun Tsjechoslowakije nalika kêdhêsêg Honggari, botên kobêr manah, jalaran sawêg ngraosakên babagan Sudeten.

[Grafik]

Chamberlain nuju mriksani gambar kar nagari Tsjechoslowakije wontên ing Godesberg.

Tumrap Polên, tansah ngangkah sagêdipun kêkêt kalihan Honggari, sagêda têtêp dados tôngga, mila botên kawratan nyukakakên laladan, Roethenie dhatêng Honggari. Ingkang makatên punika badhe damêl pêthalipun Rumêni kalihan Tsjechoslowakije, makatên ugi Ruslan botên sagêd nyakêti Tsjechoslowakije, dados laladan, Roetheni punika dhawahipun dhatêng Honggari lajêng dados sarana pamisahipun nagari-nagari sanès.

Tumrap Tsjechoslowakije pancèn dados jêjêring lêlampahan, ing sapunika golongan Slowak nêdha madêg piyambak, ugi sampun dipun pituruti, nanging tumrap pulitik sajawining praja tuwin babagan arta, taksih têtêp wontên Praag. Inggih punika kitha karajanipun Tsjechoslowakije.

Hitler taksih mindêng kemawon.

Manawi mirid kawontênan, kawontênanipun ing Eropah taksih ruwêd. Ing bab wêdhar sabdanipun Hitler mastani bilih ing Eropah sampun botên wontên punapa-punapa, punika dèrèng kengingipunkenging dipun. ugêmi, amargi botên kirang lêlampahan ingkang gêgayutan kalihan Jêrman, ingkang anggarêndhèl ing wingking. Amargi sapunika wontên sêsulakipun, Jêrman badhe ngudi wangsuling laladan ing ngajêng. Ingkang makatên wau sanadyan ing kalairanipun sampun wontên rêmbag padhamèn, nanging satunggal-satunggaling praja mêksa sami mêpêk tuwin nyantosani dêdamêl. Awit dèrèng wontên kapitadosan ingkang têtêp.

--- 2057 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Restaurant Jokyakarta. Kala dintên Rêbo tanggal 5 wulan punika, Restaurant Jokyakarta, Kramat No. 60a wiwit kabikak, angulêmi golongan sêrat kabar tuwin sanès-sanèsipun, kathah ingkang sami rawuh, saha sami ngalêmbana saening panggenan, cikating palados tuwin ecaning dhêdhaharan.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, nonah Ho Giok Kie, Tuwan Lie Tjik Tjwan, R.M. Suyono Suryo tuwin R. Achmad Junaedi.

Kawilujêngan ing pabrik-pabrik. Wontên wartos, bilih ing pabrik-pabrik punika kathah kasangsaran ingkang botên kalapurakên salêrêsipun, ingkang kasangsaran wau tuwuh saking kirang saening tatanan. Sarêng bab punika dipun titi yêktos, kasangsaran wau wontên 60% ingkang jalaran saking kirang saening tatanan pabrik.

Glazuur-inrichting. Pangrèh praja ing Klathèn, nêngah-nêngahi ngrekadaya supados ing kitha Klathèn wontên glazuur-inrichting, ingkang punika pakaryan ingkang andamêl bangsaning grabah sagêd dados mancèrèt kados goci, kados ta celengan, pot, wadhah awu sês tuwin sanès-sanèsipun. Bab punika tamtu badhe angsal pambiyantu saking Departement van Economische Zaken.

Saradhadhu minggat dipun sanjata. Ing Tarutung wontên saradhadhu 2 sami minggat kanthi ambêkta arta colongan f 5000.- saking arta rimatan militèr. Saradhadhu 2 wau amirantos sanjata jangkêp. Ingriku lajêng dipun bujêng ing kopral, saradhadhu kenging dipun sanjata, pêjah. Nalika dipun priksa, artanipun taksih pinanggih f 3000.-. Kopral wau lajêng dipun tahan. Prakawis kapriksa.

Racun tempe bongkrèk. Ing dhukuh Pasargunung tuwin Banyupanas, sacêlakipun Ciparay, S.S.W.L. wontên tiyang 12 sami tiwas jalaran nêdha tempe bongkrèk. Kala dhoktêr dhatêng têtulung, têtiyang ingkang sakit lajêng dipun suntik, botên pitulung. Sarêng sampun kalih dintên, tiyang 12 wau sami tiwas sadaya, tiyang sêpuh jalêr 3, èstri 2 tuwin lare 7.

Pakêmpalan Srigawa. Wontên wartos, ing Sukabumi wontên pakêmpalan pandamêl awon nama Srigawa. Sêdyaning pakêmpalan wau nêdya ngrisak pagêr ayu. Sarêng bab punika kamirêngan ing pulisi lajêng dipun padosi, saha sagêd nyêpêng têtiyang ingkang kêgayut. Malah kathah punggawa nagari ingkang tumut dipun tahan. Salajêngipun taksih dados papriksan.

Lampah anggêgana dhatêng Ambon. Bureau van Luchtvaart ing Departement Verker en Waterstaat usul dhatêng parentah, supados ing têngah-têngahing taun 1939 dipun wontênakên lampah anggêgana sambêtipun saking Makasar dhatêng Ambon. Têbihing lampah punika wontên 1000 km. Manawi kalampahan, saking Bêtawi dhatêng Ambon sagêd 2 dintên, sipêng ing Makasar. Malah manawi kêcêkap pêrlunipun, lampah punika wangsulipun saking Ambon dumugi Bêtawi namung sadintên.

Parêpatan têtiyang wuta. Ing tanggal 10 dumugi tanggal 14 wulan punika, pakêmpalaning têtiyang wuta bangsa Walandi satanah ngriki, ngawontênakên parêpatan, manggèn ing Ngayogya. Ingkang karêmbag ing bab badhe ngawontênakên pakaryan tuwin pangajaran tumrap têtiyang wuta. Warganipun sadaya wuta. Wontên ingkang botên wuta namung nglagani.

Boottrein. Miturut wartos, ing bab wontêning sêpur dhatêng palabuhan ingkang sambêt kalihan kapal ingkang badhe dhatêng nagari Walandi (boottrein), sampun dipun wiwiti kala dintên Rêbo kêpêngkêr, bidhal saking Bandung. Ingkang numpak kathah. Ing salajêngipun wontên panêdha saking golongan tiyang siti, supados kawontênakên sêpur kados makatên tumrap têtiyang minggah kaji (Haji Boottrein). Wontên wartos ingkang usul wau ingkang Bupati Bandung. Bab punika S.S. ugi badhe nayogyani samangsa angsal-angsalanipun kathah.

Tamu ing kantor Rupelin. Sampun sawatawis dintên, Dr. van Waalf tuwin Tuwan A.C. Pijl, saking kantor Handelsvoorlichtingsdienst ing Economisch Zaken, sami rawuh ing kantor Rupelin, ing Kampung Baru Surabaya. Wigatosipun badhe nyinau babagan economie ing tanah ngriki.

[Iklan]

Candu pêtêng. Ingajêng sampun nate kawartosakên ing bab candu pêtêng rêrêgèn f 25.000.- ingkang kêcêpêng ing kapal Cibadak, ingkang nuju labuh wontên ing Tanjungpriok. Ing sakawit pulisi dèrèng sagêd nyumêrêpi sintên ingkang gadhah. Ingriku pulisi lajêng nahan satunggiling punggawa kapal nama Ho So, ingkang kala samantên gadhah têtanggêlan wontên ing panggenan pinanggihing candu. Wusana tiyang wau ngakên, candu wau ingkang gadhah satunggaling punggawa kapal sanèsipun, anggèning nginggahakên saking Hongkong. Dene tiyangipun sampun kesah.

Student-student Technische Hoogeschool darmawisata. Wiwit tanggal 9 dumugi tanggal 16 wulan punika, para student Technische Hoogeschool ing Bandung ing pangajaran 3 tuwin 4 taun sami darmawisata dhatêng Jawi Têngah. Ingkang pêrlu dipun dhatêngi tanggal 9 dhatêng Purwokêrto, tanggal 10 mriksa Krojawerken, tanggal 11 mriksa Banjar-Cahyanawerken, tanggal 12 dhatêng Sêmarang, tanggal 13 mriksa waterloopkundige Laboratorium, ugi gemeentewerken tuwin papan anggêgana, tanggal 14 mriksa havenwerken, tanggal 15 mriksa Tuntangwerken saha tanggal 16 wangsul dhatêng Bandung.

Bab arta kêrtas palsu. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ing Jawi Kilèn wontên têtiyang siti tuwin bangsa Tionghwa sami kacêpêng jalaran nyêbar arta kêrtas palsu rêgi f 1000.- ingkang gunggungipun ngantos rêrêgèn f 20.000.-. Papriksaning prakawis punika anggayut tiyang pintên-pintên. Nanging wusananipun taksih pêtêng, dèrèng sagêd nêtêpakên dakwanipun.

Telegram Grêbêg Siyam. Kados ingkang sampun, sabên ngajêngakên Grêbêg Siyam (Idu'l Fitri) ing lêbaran, ing taun punika dhawah 23 tuwin 24 November ngajêng punika, kawontênakên telegram kangge suka wilujêng, kanthi waragad namung f 0.50. Telegram wau kenging kapasrahakên wiwit tanggal 15 dumugi 25 November, dhatêng telegraaf- en hulptelegraafkantoor tuwin telegraafstation P.T.T. Ungêl-ungêlaning telegraaf wau sampun dipun sadhiyani pintên-pintên warni kantun milih, sagêd mundhut katrangan. Manawi ingkang kintun purun mêwahi waragad mirunggan malih f 0.50 ing sabên telegram, telegramipun badhe kapacak wontên ing dalancang. Angsal-angsalaning arta telegram adèn punika, ingkang sapalih badhe dipun sukakakên dhatêng bêbadan-bêbadan darma.

--- 2058 ---

Tuwan Markaban tilar donya. Tuwan Markaban, Wethouder gemeenteraad Surabaya, tilar donya wontên ing C.B.Z. Layon kakubur dhatêng pakuburan Tembok.

R.T. Mr. Siswodipuro pindhah padamêlan. Kawartosakên, R.T. Mr. Siswodipuro, bupati anom ingkang ngasta padamêlan ing kantor Comptabiliteit Karajan Surakarta, kèndêl saking padamêlan saha lajêng dados buitengewoon voorzitter Landraad ing Bandung, tumapaking damêl wiwit tanggal 1 November ngajêng punika. Ing salajêngipun badhe santun nama lami Mr. Suwarno Prawiroharjo.

Dr. J. Tijssen wangsul dhatêng Sumatra. Miturut wartos Dr. J. Tijssen, satunggiling dhoktêr mripat ingkang misuwur, badhe wangsul dhatêng Sumatra malih, badhe anjajah laladan Acèh rumiyin, lajêng dhatêng laladan sanès. Tindakipun Dr. Tijssen punika botên sanès badhe têtulung têtiyang sakit mripat kados ingkang sampun.

Kêjêblosan patrun. Ing pêkên Kêbon Manggis, Mr. Cornelis wontên lare nama Picet tuwin Rabin, manggih patrun isi. Patrun wau lajêng kangge dolanan lare kalih, dipun thuthuk dhobisipun, anjêblos, Picet kêjêblosan, drijinipun tangan rantas gangsal pisan. Rabin kêjêblosan mripatipun kiwa, sagêd ugi dados calaina. Patrun wau patrun pistul, kakintên keceran patrun pistul militèr, amargi ingriku cêlak tangsi. Lare kalih pisan lajêng dipun bêkta dhatêng C.B.Z.

Malaria ing Bali. Ing wêkdal punika ing Bali tuwuh sêsakit malaria. Miturut ingkang sampun-sampun, ingriku dèrèng nate wontên sêsakit kados makatên. Dr. W.G. Venhuis, ahli sêsakit malaria ing Surakaba sampun papriksa, nyata ing Bali sisih kidul wontên wiji lêmut malaria ing toya tawa. Salajêngipun badhe nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal perangan kapisan, Tuwan Mujaswardi tuwin Tuwan Sumarno. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, nonah Sie Hong Nio, tuwin Tuwan Tarsono Rujito. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, Tuwan-tuwan G.L. Tjoa (Goan Lie Tjoa), Abdullah Syukur tuwin Tan Kiem Tjiang.

Pandadaran kleermarkerschool. Pamulangan padamêlan gêrji ing Bêtawi ingkang dipun pangajêngi Tuwan Kasdani mêntas ngawontênakên pandadaran, ingkang dados commissie Tuwan GK. Moojen. Ingkang nêmpuh wontên 9, lulus 8, inggih punika Tuwan-tuwan Aidi (Bêtawi), Alei (Sêkayu, Palembang), Abd. Hamid (Martapura, Palembang), Han Hok Khian (Mojokêrto), A. Kosasih (Sindangbarang, Cianjur), M. Umar Wiradimarta (Cianjur), M. Kurdi (Bêtawi), Sutaswa (Ciamis).

Griya sakit kewan. Comite angayomi kewan ing Bandung, nêtêpakên badhe ngawontênakên polikliniek pitulungan lêlahanan tumrap kewan, wontên ing Eerdmans-Dierenasy1 Bandung. Panampinipun sabên dintên Sênèn jam 10.30 dumugi jam 12.30.

Ngawisi têtingalan mêthik babad. Wontên wartos, parentah Kasultanan Ngayogya ngawisi sawarnining têtingalan toneel utawi kêthoprak, mitontonakên lêlampahan pêthikan saking babad, amargi tumindakipun asring sulaya lugunipun, sagêd ugi andayani awon tumraping sanès. Ingkang dipun awisi, mêthik saking Babad Tanah Jawi, wiwit jaman karaton Dêmak dumugi karaton Ngayogya sapunika.

Pakaryan Kuthagêdhe dhatêng tentoonstelling donya. Wontên wartos, pakaryan ing Kuthagêdhe Ngayogya, badhe ngêdali dhatêng tentoonstelling donya ing San Francisco taun ngajêng punika. Ingkang badhe dipun dhasarakên têtuladan barang kraton, garudha sapanunggilanipun. Tumindakipun kanthi babadan comite.

Botên saèstu wontên kabudidayan soklat. Ingajêng wontên wartos, badhe wontên satunggiling paguyuban badhe bikak kabudidayan soklat wontên ing Nieuw Guinea. Ing sapunika wontên wartos sêdya wau kasandèkakên, amargi miturut paniti, botên badhe mikantuki.

Wêdaling lisah pèt. Wêdaling lisah pèt ing tanah ngriki wiwit Januari dumugi Augustus kêpêngkêr wontên 4.875.000 ton. Dados indhakipun tinimbang pêpetangan wolung wulan kêpêngkêr wontên 120.000 ton.

Ama ulêr. Ing pasabinan sawah ondêr dhistrik Kuwadungan, Ngawi, kathah tanêman kêdhêle ngantos pintên-pintên bau kêtrajang ing ama ulêr. Adjunct-landbouwconsulent ingriku lajêng nindakakên rêrigên sapêrlunipun. Ama kados makatên punika sampun nate tuwuh ingriku ngantos tigang rambahan.

[Iklan]

NAGARI WALANDI.

Tuwan Sosrodanukusumo. Tuwan Sosrodanukusumo, wêwakiling Politiebond Indiya, ingkang sowan kala paargyan jumênêngan nata 40 taun, mêntas sowan Pangrèh praja Minister Welter. Anggènipun nyinau babagan kapulisèn ing nagari Walandi sampun rampung. Salajêngipun badhe bidhal dhatêng Londen, Berlijn, Parijs tuwin Brussel. Bidhalipun dhatêng tanah Jawi wontên ing tanggal 18 wulan punika, numpak motor mabur malih kados nalika bidhalipun.

EROPA.

Kasangsaran motor mabur. Kala tanggal 6 wulan punika wontên motor mabur R.A.F. 4 iji anggêgana saking Londen, nalika wontên sanginggil Yorkshire ingkang tiga dhawah, ingkang satunggal ical. Kajawi punika, ing sadèrèngipun ugi wontên motor mabur R.A.F. dipun sambêr gêlap wontên sanginggilipun Yorkshire, tiyang ingkang numpak 5 sami wilujêng sagêd mandhap ngangge payung. Ing salajêngipun wontên wartos nyamarakên dhatêng motor mabur sanès-sanèsipun wau, amargi salah satunggalipun dipun titihi Minister babagan gêgana. Nanging wontên wartos malih bilih minister wau nalika bidhal saking Burystedmunts dhatêng Southamton sampun botên wontên wiwit ing wanci dalu.

ASIA.

Kasangsaran ing Jêpan. Miturut wartos saking Tokyo, wontên kuli cacah 300 ing pamelikan ing Yubari sami kurugan siti jalaran saking jêblosan. Miturut wartos ingkang kantun, kuli ingkang 100 sagêd oncad.

Wadya Jêpan kêtrajang malaria. Wadya Jêpan ingkang ngangsêg dhatêng Hankow, kathah ingkang kêtrajang malaria tuwin sanès-sanèsipun. Ingriku tumrap wadya ingkang wontên ing pabarisan ngajêng sami kêkirangan jampi. Tumindakipun suka jampi sarana migunakakên motor mabur.

--- 2059 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

21

Jak rumaos alit ing manah tuwin susah, awit sayêktosipun piyambakipun dèrèng ical anggèning sêrik manahipun dhatêng têtiyang cêmêng, dene sêdyanipun ingkang sae ing kala punika, katampi awon, malah ngantos kalampahan kakrutug ing towok. Têka ing samangke ingkang anggadhahi patrap awon dhatêng piyambakipun punika, têtiyang bangsanipun piyambak.

Ing batos Jak anggraita makatên: Genea kewan cilik-cilik iku yên kêpêthuk aku padha lumayu sêmu gilapên, kewan kang gêdhe-gêdhe nêdya nêmpuh utawa môngsa nyang aku. Wong-wong irêng padha kapengin matèni aku sarana towok utawa panahe. Wêkasane wong-wong bangsaku dhewe, padha ambêdhili lan ngungsir aku. Apa makluk sadonya iki dadi mungsuhku kabèh. Apa anake Tarsan iki ora duwe mitra liyane manèh kajaba Akut.

Akut anyakêti Jak sarwi wicantên makatên:

Aja cilik atimu. Isih ana golongan kêthèk-kêthèk bangkokan, sing sapa dadi mitrane Akut, mêsthi uga dadi mitrane kêthèk bangkokan iku, iya mung kêthèk bangkokan kang bakal nômpa anake Tarsan kanthi sênênging ati. Kowe wêruh dhewe, kapriye patrape wong-wong nyang kowe. Mulane saiki ayo padha ambacutake laku anggolèki golonganing kêthèk bangkokan, bangsaku kang bakal padha dadi mitramu kabèh.

Mênggah basanipun kêthèk bangkokan punika nyawanda gandhengan, cêthanipun sarana sêsrawean lan sasmita. Basa wau botên kenging dipun dadosakên satêmbung kados basaning manusa. Nanging punapa ingkang dipun cariyosakên dening Akut wau, kintên-kintên inggih sampun katêrangakên ing nginggil.

Sasampunipun makatên, Jak kalayan Akut nuntên anglajêngakên lampahipun. Jak ngêmungakên kèndêl kemawon, ing sêmu kathah ingkang dipun gagas. Ing wusana piyambakipun lajêng wicantên makatên: Iya bêcik Akut, ayo saiki padha anggolèki mitramu iya mitraku, yaiku golonganing kêthèk bangkokan.

VIII

Ing samangke kados prêlu anyariyosakên lêlampahanipun: Mariyam. Kirang langkung sampun sataun anggènipun têtiyang kalih bôngsa kulit pêthak, inggih punika Jènsèn tuwin Malbin, saandhahanipun oncat saking dhusun papan padununganipun Sèh, ingkang dipun cariyosakên bapakipun Mariyam. Ing kala punika botên beda kadosdene nalika sataun ingkang kapêngkêr, Mariyam tansah lêstantun dolanan kalihan bonekahipun ingkang dipun namakakên: Sekah, makatên ugi sadaya katrêsnanipun taksih kaêsokakên dhatêng bonekahipun, ingkang sakalangkung awon wujudipun, langkung malih sarêng sampun dipun angge dolanan laminipun sataun, sampun têmtu wujudipun saya botên kantênan. Ewasamantên tumraping Mariyam, Sekah wau dipun anggêp satunggilipun makluk ingkang sae lan andêmênakakên sangêt. Sabên-sabên Mariyam tansah ambisiki Sekah anyariyosakên ing bab gênging susahipun. Kadhang kala ugi sok nyariyosi punapa ingkang tansah dados idham-idhamanipun, inggih punika sagêda oncat saking dhusun ngriku, luwar saking panyiksanipun Sèh tuwin sanès-sanèsipun.

Ing satunggiling dintên Mariyam andamêlakên gubug-gubugan Sekah wontên ing pungkasaning padhusunan, nanging taksih wontên ing salêbêting pagêr dhusun. Dene papanipun dolanan wontên ing sangandhapipun wit-witan agêng. Salêbêtipun damêl gubug-gubugan wau, Mariyam tansah ngêcipris ginêman warni-warni kalihan bonekahipun. Jalaran saking anggènipun kêtungkul dolanan, ing ngriku piyambakipun ngantos botên mirêng lan botên sumêrêp bilih ing sanginggilipun gêgodhonganing wit-witan agêng wau wontên ingkang nyilakakên, tuwin lajêng wontên satunggiling makluk saking nginggil ngriku, ingkang tansah nyawang anggènipun dolanan Mariyam wau.

Ing kala punika ing papan ingkang kangge dolanan Mariyam wau, botên [bo...]

--- 2060 ---

[...tên] wontên tiyang sanès-sanèsipun kajawi Mariyam piyambak. Mênggah sajatosipun ing dhusun ngriku ing wêkdal punika kenging dipun wastani prasaksat suwung, awit Sèh saandhahanipun sampun sawatawis wulan kesah saking dhusun wau, purugipun mangalèr. Nanging ing wêkdal punika sampun wancinipun mantuk malih.

Kacariyos pun Jak, kirang langkung sampun sataun laminipun anggèning ngoncati têtiyang kalih bôngsa kulit pêthak ingkang nêdya mrajaya piyambakipun. Salêbêtipun sataun wau, Jak sêsarêngan kalihan Akut, tansah ngupadosi dhatêng golonganipun kêthèk bangkokan, nanging tanpa damêl. Ngantos wulanan dangunipun, lampahipun tansah ngênêr mangetan, dados saya lumêbêt ing wana agêng. Salêbêtipun sataun wau, Jak ingkang pancèn sampun anggadhahi dhêdhasar santosa lan kiyat, cikating tandangipun, punapadene prigêlipun ulah dêdamêl towok tuwin jêmparing, saya ngedab-edabi sangêt.

Badanipun saya agêng lan santosa, kêkiyatanipun ngungkul-ungkuli, kawêwahan akalipun sakalangkung ngrawit. Mênggah sajatosipun Jak punika taksih nama lare, nanging saking rosanipun tuwin sugihipun akal, ngantos Akut kêthèk bangkokan ingkang agêng wau, manawi kadhang kala gêgêlutan kalihan Jak rumaos sampun botên kuwagang anglawan kridhanipun Jak. Salaminipun kêmpal punika, manawi kalêrês nganggur Akut asring mulang Jak caranipun kêthèk bangkokan gêlut. Ing môngka mênggahing Akut, tumrap golonganing kêthèk bangkokan, pancèn kalêbêt agêng sangêt, sarta pintêr piyambak anggènipun gêlut, dados Jak angsal guru ingkang pêng-pêngan sayêktos. Kosokwangsulipun, Akut angsal murid ingkang tanpa tandhing mênggahing kalangkunganipun, ngantos ing wusana piyambakipun rumaos kawon. Punika botên jalaran saking karosanipun angungkul-ungkuli, ugi jalaran Jak anggadhahi akal tuwin pikiran linangkung kados limrahing manusa.

Ing salaminipun ngupadosi golonganing kêthèk bangkokan bangsanipun Akut wau, ingkang dipun têdha dening Akut tuwin Jak sabên dintênipun, bangsaning kidang mênjangan utawi sebrah. Angsalipun kewan-kewan wau limrahipun sarana dipun jêmparing dening Jak. Ing bab kasagêdanipun anjêmparing Jak, sasampunipun gêsang sataun laminipun wontên ing wana wau, titisipun sampun tanpa tandhing. Kajawi ngangge jêmparing, angsalipun kewan-kewan wau, kadhang-kadhang sarana dipun êjlogi saking sanginggiling wit-witan, dados kadosdene caranipun sato galak nubruk mangsanipun.

Ingkang kangge nutupi badanipun, Jak wau ngangge wacucaling lepar, bangsanipun sima. Dene anggènipun Jak mangangge wacucal lepar punika, botên sabab katarik saking raos kasusilan. Nalika Jak dipun dhawahi ing mimis dening bôngsa kulit pêthak saandhahanipun wau, sakala punika karaos ing kamanusan lajêng wangsul dhatêng wataking kewan. Ingkang makatên punika sampun limrah mênggahing manusa, nanging tumrapipun Jak anglangkungi katimbang manusa limrah, punika kabêkta saking wataking bapakipun ingkang kala alit dipun gulawênthah ing sato galak. Anggèning piyambakipun ngangge wacucal lepar punika, salêrêsipun ingkang kapisan, namung badhe anêdahakên sarana bukti mênggahing kêkêndêlanipun. Sabab piyambakipun piyambak ingkang mêjahi lepar, tur anggènipun mêjahi namung sarana lading suduk kemawon. Warnining wacucalipun lepar punika pancèn sae, ingkang punika Jak lajêng tuwuh manahipun kêpengin ngangge wacucalipun wau. Lepar lajêng dipun kêlèti, sarta wacucalipun lajêng kaêpe. Ing sarèhning Jak botên sagêd ngulah wacucal, salajêngipun wacucal wau lajêng dados kakên, sarta ing wusana lajêng mambêt badhêg. Kanthi gêla sangêt ing wusana Jak kapêksa lajêng ambucal wacucal wau, nanging kapenginipun mangangge wacucal lepar botên sagêd ical. Amila sarêng ing satunggiling dintên wontên ing salêbêtipun wana Jak sumêrêp tiyang wanan mangangge wacucal lepar, tanpa manah panjang malih, saking sanginggiling wit-witan tiyang wanan wau ujug-ujug lajêng dipun êjlogi sarta lajêng dipun pêjahi sarana ladingipun suduk. Prêlunipun botên sanès namung badhe ngrêbat wacucalipun lepar ingkang dipun angge wau. Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Ngaturi uninga, Petruk ingkang nuju kesahan, dèrèng sagêd ngintunakên pawartos punapa-punapa. Nanging ing samôngsa kintun, tamtu isi wartos ingkang nêngsêmakên.

Kaparênga nyarantosakên rumiyin.

--- 157 ---

Nomêr 40, 12 Oktobêr 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Rêngêng-rêngêng Minôngka Wulang.

[Mijil]

adrênging tyas sêdyamba mêwahi / angripta ginaon / amung karya ngenggar-enggar bae / anèng jagad kaputrèn kang jait / aywa dèn tambuhi / awit maksih kau //

nadyan awon lamun migunani / nênangi pra sinom / nêring nala amrih widadane / nanggulangi tyas pating clêkunik / nandukkên tyas êning / nuju mring kang dunung //

cinabaa bokmanawa bêcik / cinacak yèn cocog / cara bodhon kang arasa cècèg / cukup mênêng tan prêlu kumricik / ciptèng tyas kang sukci / caking karya cancut //

rasa risi ing sajroning dhiri / ruwatên kang jêro / rêrapuhên pikirmu kang gorèh / rasakêna kang kongsi anggarit / ruharaning dhiri / ring tyas amrih wêruh //

kulinakna anggêgêsang pikir / kang tabri pitakon / kabèh karya udinên bêcike / kanthi mantêp jroning tyas mrih bangkit / kangkat bisa ngukih / klawan tekad bakuh //

dipun eling samubarang kardi / dêdalane dados / dudu bôndha myang rupa wragade / dêstun amung utamaning budi / dununging pangudi / darma ambêk sadu //

tindak-tanduk sarwa ngati-ati / titi lawan tlatos / tatas titis wicarane tètès / têmên mantêp ing sajroning ati / tuhu ngati-ati / tiniti mrih putus //

solahbawa wicarane wasis / susila dhap asor / sumèh arum sumanak wuwuse / sirik lamun tumindak mring sisip / singa mulat asih / cuthiksuthik. akrêmusuk //

wawan wuwus nora angêcuwis / wikan sêmuning wong / watakira tan purun dahuwèn / wani ngalah suthik dèn lêm luwih / wêweka katawis / wimbuh wruh ing kewuh //

lah pan beda lan si goroh silip / lêlemeran ilon / labêt saking karêm lagu èlèk / lumrahira dèn êcap wong julig / lir setan si bêlis / laire kang alus //

pintêrira lamun angêcipris / pan nèng tôngga dheprok / pating cruwèt ngrêmbug kucing gèpèng / pawadannya karya jampi papin / pat-patan wus komplit / pan sadina muput // Badhe kasambêtan.

Bok Sri W Rêmbang.

--- [158] ---

Pêkên Darma (Fancy Fair) Mevrouw de Jongeschool ing Batawi.

Ing bab pêkên darma, ingkang ing basanipun ngamônca dipun wastani Fancy-fair, punika sampun ragi kêlimrah dipun uningani ing ngakathah, awit lèrègipun dhatêng tindak tuwin dhêdhasar kautamèn, mila inggih sampun kêrêp dipun tindakakên wontên ing pasrawungan umum.

Sampun sawatawis dintên, warga pangrèh ing Mevrouw de Jongeschool ing Batawi, ngawontênakên pêkên darma, ingkang angsal-angsalanipun badhe katanjakakên kangge kabêtahaning pamulangan wau.

[Grafik]

Mevrouw de Jongeschool punika pamulangan èstri ingkang mulangakên ing bab babagan nyêpêng kabêtahan bale griya.

Ing pêkên darma wau kathah ingkang ngrawuhi, kakung putri golongan tiyang siti, Eropah tuwin Tionghwa. Nandhakakên bilih pêkên darma punika dipun wigatosakên ing ngakathah.

[Grafik]

Pêkên darma wau dipun pangajêngi ing panjênênganipun Radèn Ayu Adipati Abdulrahman, Radèn Ayu Adipati Arya Hasan, Sumadipraja (Bêtawi), Radèn Ayu Tumênggung Arya Kusumadinata, Mèstêr Kornèlês, Nyonyah Tumbelaka-Ditman tuwin Nonah Gunning.

Barang-barang ingkang kadhasarakên ing ngriku ingkang dipun pitongtonakên utawi dipun sade, katingal sae-sae, sami dêdamêlanipun para murid, kathah pêpajênganipun (gambar nginggil).

Ing dalu wau ugi kawontênakên têtingalan: srimpèn (gambar ngandhap) ringgit tiyang, gambar idhup. Salajêngipun kawontênakên dhansah, ngantos jam 12 dalu. Wilujêng.

Ing pamuji adêging pêkên darma punika andadosna kamajêngan tuwin santosanipun Mevrouw de Jongeschool.

--- 159 ---

Sinjang Lapis.

Sinjang lapis punika kêgolong latar pêthak, manawi dipun tingali sabrebetan, katingal sêratan prasaja sangêt, awit namung wujud pasagèn mencos tuwin mawi plênik sakêdhik, saha ing gambar punika katingal bilih pèninipun pinanggih wontên ing sêkaranipun. Dados sêratan lapis wau dipun anggêp dhêdhasar. Dene nama lapis, punika mêndhêt saking wêwangunan iris-irisan kuwih lapis.

[Grafik]

Tumrap para ahli nyêrat, sagêd amastani sinjang lapis ingkang kados makatên punika kêgolong kasar, saha ingatasing para ahli, lumuh anindakakên padamêlan kasar wau, punika sampun kêtarik dados wêwatêkanipun tiyang ingkang sagêd nyêrat, lumuh nindakakên padamêlan groboh.

Nanging wontên cara sanès, kêpêksa tumindak groboh, jalaran prêlu ngoyak bêtah. Têrangipun makatên:

Tiyang nyêrat sae (alusan), punika dangu, nanging pêpajênganipun ragi kathah. Dene nyêrat groboh, punika enggal rampung, sagêd kasade, sanadyan angsal-angsalanipun namung sakêdhik, lajêng kenging kaubêdakên bêtah sanèsipun.

Makatên malih tumraping tiyang ahli nyêrat, manawi ningali wujuding sinjang lapis ingkang kados makatên punika lajêng sagêd ngintên-intên mênggah prayogining isèn-isènipun, wusana lajêng wujud dados sêratan ingkang luwês saha sae. Dene cêthanipun, sinjang ingkang mawi buntal, bokèt sapanunggilanipun, punika sagêd nyamarakên dhêdhasaripun, lajêng kêndhih dening mubyaring sêsêkaran. Nanging tumrap ingkang ngrêtos, manawi nitik awon saening sinjang, punika mêndhêt saking dhêdhasaripun, upami kawung bokèt. Punika ingkang dipun taliti kawungipun.

Sinjang lapis kados ingkang kacêtha ing gambar, punika sampun kalêbêt cêkapan, manawi dipun agêm ing wanita, sampun pinanggih sae wontên ing sawangan. Pantêsipun dipun agêmi rasukan ingkang kêladuk dhêdhasar pêtêng.

--- 160 ---

Bab Olah-olah.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 80.

Sasampunipun mirantos sadayanipun, santên kênthêl lajêng kagodhoga kalihan gêndhis kalapa 2 tangkêb salirang, ingkang warninipun jêne, wontên ing wajan utawi kèncèng ingkang cêpèr (manawi kathah anggènipun olah prayogi wontên ing kèncèng) mawi kacoloka ing sarêm. Sasampunipun umob, gêndhisipun watawis sampun ajur, jladrèn (jur-juran galêpung) lajêng kauworna têrus kaudhak ing enthong utawi solèd, kaudhak têrus tanpa kèndêl, udhakan enthong utawi solèd wau prêlunipun sanadyan krakêt, nanging namung sawatawis, botên sagêd angêmplèk. Manawi kaudhak sampun kalis, botên anabêt dhatêng udhak-udhakanipun, inggih pratôndha yèn sampun sêpuh (matêng tanak yêktos), tumuntên kawadhahan ing baki kalambaran godhong pisang ingkang sampun kaoseran lisah klêntik, lajêng kawanguna pêsagèn mawi enthong suwalikipun, bilih sampun asrêp sarta akas, sawêg kenging kairis-iris. Intipipun kenging kasusuk, nama kêrengan.

Jênang kados makatên wau, nama jênang dodol, inggih jênang dodol punika bakuning jênang, ingkang ambukani kawontênanipun jênang awarni-warni, kados ta:

1e. jênang alot (glêpungipun wos kêtos), 2e. jênang grêndul, 3e jênang cocoh, 4e. jênang lahang, 5e. jênang sungsum, 6e. jênang lêmu.

lajêng jênang momoran: jênang pala, nôngka, katès, blimbing, pêlêm, sapanunggilanipun.

Wajik.

Pangolahipun mèh sami lan pangolahipun jênang dodol, bedanipun kados ing ngandhap punika.

Uwosipun uwos kêtos, botên dipun glêpung, namung lajêng dipun dang kados pangêdangipun kêtos ingkang badhe kadamêl jadah, nanging botên dipun carubi parudan kalapa, kadamêl santên kados ingkang kangge jênang dodol, namung kaot botên mawi pêrêsan santên ingkang kaping tiga, awit botên ngangge ngêjuri jladrèn. Uwos kêtos ingkang badhe kawajik, sanadyan pangêdangipun botên mawi dipun karu, nanging pangêkumipun kêdah namung sakêdhap, amargi dening botên badhe kadhêplok kados jadah.

Dang-danganipun kêpara pêra, wosipun sagêda taksih katingal wêtah las-lasan, anggêr ing nglêbêt sampun botên anglêthis, lajêng kaêntasa. Badhe kasambêtan.

Nyai Pranata.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 83, Stu Pn, 20 Ruwah Jimawal 1869, 15 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2061] ---

Pangungsêt

Padamêlan ingkang lumintu.

Pangajêng-ajêngipun para ngudi kabatosan, wos-wosipun badhe pados katêntrêman, ingkang katingalipun sajak mayar.

Kados-kados ingkang mastani mayar wau inggih mèmpêr, awit katêntrêman punika wontên wujudipun, kados ta sugih arta, punika baku nomêr satunggal, awit arta punika ingkang badhe sagêd andumugèkakên sawarnining sêdya, badhe nêdha eca, badhe nyandhang sae, badhe bingah-bingah punapa kemawon, namung sarwa kadumugèn. Inggih kadumugèn wau ingkang pancèn menginakên. Cêkakipun botên wontên sêdya ingkang botên kadumugèn, sanadyan babagan kabatosan pisan, inggih kenging dipun gayuh mawi arta. Tanpa arta botên dados.

Nanging wontên ingkang nyuraos ngosokwangsul: arta (bôndha) punika damêl pêpêtêng. Tamtunipun ingkang nyuraos makatên punika tiyang malarat, ingkang pikantukipun namung badhe dipun gêgujêng ing tiyang sugih.

Bab makatên punika adhakan dados rêmbag rame, sami ngugêmi lêrêsipun, ingkang sugih mastani kasugihan damêl padhang, kamlaratan damêl pêtêng. Ingkang mlarat mastani malarat damêl padhang, sugih damêl pêpêtêng. Wusana lajêng ceda-cineda, tumrap ingkang sugih ngêlokakên: Apa anggone ngliwêt ora ajêg kuwi sing diarani padhang, dene ingkang mlarat gêntos mungêl: Ya bandhane kuwi sing marahi gawe pêtêng.

Manawi dipun manah-manah, pabênan makatên wau lajêng katingal manawi lêpat sadaya. Inggih kadospundi anggènipun botên lêpat, tiyang babagan ngudi kabatosan jêbul wadan-wadanan, ngantos kêsupèn bilih ingkang wajib dipun wadani punika badanipun piyambak.

Cobi tumrapipun tiyang sugih, punapa inggih botên gadhah wadanan, tuwin sagêd madani badanipun piyambak. Makatên ugi tumrap ingkang mlarat, ingkang umumipun pancèn sugih wadanan.

Tamtunipun wadanan wau lajêng dados tataraning minggah, awit tiyang purun madani badanipun piyambak, punika têgês sumêrêp dhatêng margi ingkang sagêd anjog dhatêng katêntrêman. Saha manawi sagêd tumindak makatên, lajêng katingal sêsulakipun, bilih sugih kalihan malarat wau sami kemawon anggadhahi margi ingkang lêrês.

Wos-wosipun kêdah nindakakên padamêlan ingkang lumintu, ingkang raosipun kados cangkriman.

Cêkruktruna.

--- 2062 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Manawi dipun sênggaki namung satunggal kênong: N I inggih punika:

[Notasi]

Ananging wiwitipun gerong mriksanana pola ôngka 5 kasêbut ngajêng.

Pola ôngka: 6.

Gêndhing Asmaradana, ingkang dipun uran-urani utawi sindhèn.

[Notasi]

Ingkang mawi têngêr garis, punika namung nuthuk wilahan kemawon, botên dipun uran-urani utawi dipun sindhèni. Wiwitipun nyuwara manawi sampun 4 wilah nginggil têngêr garis. Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

Sêsorah ing radhio saking Bale Pustaka

Benjing-enjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 16 Oktobêr 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Kearah kasoesastran baroe. Ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Sastrasuwignya.

--- [2063] ---

Warga Gêmintê Rad Surabaya

Ing ngajêng K

ajawèn sampun ngêwrat gambaripun warga gêmintê rad tiyang siti ing Batawi, ing sapunika prêlu ngêwrat gambaripun warga gêmintê rad tiyang siti ing Surabaya. Nanging dèrèng sagêd ngêwrat sadaya.

Makatên ugi ing wêkdal punika, Tuwan Markaban Wethouder gêmintê rad ing Surabaya, tilar donya. Nanging gambaripun wau ugi dipun êwrat ing ngriki. Saha redhaksi Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi rohipun Tuwan Markaban, kaparingana rahmat ing Pangeran.

[Grafik]

Swargi Tuwan Markaban.

Tuwan Markaban, wêdalan A.M.S. Afd. B. ing Ngayogyakarta. Ing sakawit dipun têtêpakên dados Gaib (Gediplomeerd Ambtenaar van den Inheemschen Bestuursdienst) ing taun 1924. Ing taun 1926 nalika apdhèlêng Comptabiliteit ngawontênakên ewah-ewahan, Tuwan Markaban pindhah dhatêng padamêlan wau (Administratieven kantoordienst). Tuwan Markaban punika gadhah dhiploma Comptabiliteitscursus. Ing taun 1930-1934 malêbêt dhatêng gêmintê rad. Ing salêbêtipun taun 1934-1938 dados pangajêng Nasional. Kapilih malih tumrap taun 1938-1942. Kapilih dados warga limrah utawi Wethouder. Nanging nyarêngi kalamangsanipun, ing sadèrèngipun nindakakên padamêlan enggal, lajêng sakit, malêbêt ing C.B.Z. salajêngipun tilar donya. Panguburing layon dipun urmati ing ngakathah. Tuwan Markaban punika kalairan ing Cêpu, nalika tilar donya sawêg umur 40 taun.

[Grafik]

Tuwan H.A. Lumenta.

Tuwan H.A. Lumenta, sêkolah Volkschool ing Pontak (Minahasah). Pamulangan ôngka 2 ing Mênadho. H.I.S. partikulir ing kota Mubagu. Mulo ing Tondhano tuwin Handelsleergang gupêrmèn ing Surabaya. Taun 1920 dipun têtêpakên dados Surnummerair b/d dienst der In- en Uitvoerrechten en Accijnsen ing Batawi. Sarêng dados amtênar klas 4 kapindhah dhatêng Makasar, Surabaya, Palembang, Makasar, Batawi, Pontianak, tuwin sarêng taun 1937 minggah dados amtênar klas 3 ing Surabaya. Tuwan H.A. Lumenta punika ing taun 1921 dados warga Perserikatan Minahasa. Taun 1927 warga Ind. Studieclub Surabaya. 1928 warga P.N.I. (Ir. Sukarna). 1930 warga Perserikatan Celebes Makasser. 1932 pangarsa Partai Indonesia pang Mênadho. Warga Partai Sarekat Celebes (Parsas) Batawi. 1933-1936 warga gêmintê rad Bêtawi, minôngka wêwakiling Parsas, ingkang wêkasanipun dados wêwakil Parindra. 1937 warga pangrèh Parindra Surabaya.

[Grafik]

Tuwan Mr. M. Suwana.

Mr. M. Suwana advocaat tuwin Procureur ing Sarubaya,Surabaya. putranipun Tuwan Prawiraatmaja, lairipun ing tanggal 28 Oktobêr 1892 wontên Lumajang. Sêkolah Walandi ing Lumajang, Osvia Prabalingga, Rechtsschool ing Batawi. Katêtêpakên dados ambt. terbeschikking Landrat Lumajang, fiscaal-griffier Kudus, ambt. ter beschikking officier van Justitie Batawi, ambt. ter beschikking President Raad van Justitie Surabaya, lid landrad Blora. Nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, angsal sêsêbutan Mr. Wangsul dhatêng tanah ngriki dados, advocaat tuwin procureur ing Surabaya. Nalika mèh tamat ing Osvia dados warga Budi Utama. Sawangsulipun saking nagari Walandi dados warga Studieclub P.B.I. ngantos sapriki Parindra. Wiwit adêging Provinciale Raad Jawi wetan, ngantos sapriki dados warga tuwin Plv. Gedeputeerde. Sapunika warga gêmintê rad Surabaya.

[Grafik]

Tuwan J.F. Tuwanakotta.

Tuwan J.F. Tuwanakotta, sakawit dados militèr, lajêng pindhah padamêlan In- en Uitvoerrechten en Accijnzen ing Makasar. Kaangkat dados pangajênging golongan Kristên tiyang siti. Kapindhah dhatêng Tarakan, Surabaya. Dados warga up bêstir Indische Douanebond. Taun 1932 kèndêl kanthi pensiun. Tuwan J.F. Tuwanakotta dados warga pakêmpalan warni-warni ugi dados pangarsanipun.

Kajawi punika, tumrap warga sanèsipun taksih wontên malih, inggih punika Tuwan Mr. Iskak Cakraadisurya, Dr. Gunadi Wrêksaatmaja, Rajamin, Sudira tuwin Suman.

Miturut wartos, ingkang anggêntosi Wethouder tilasipun tuwan Markaban, Mr. Iskak Cakraadisurya.

--- 2064 ---

Raos Jawi

Pundi Margining Kamulyan.

Sambêtipun Kajawèn no. 82

Sambêtipun Kajawèn no. 82

Saking pamanggih kula, manawi botên kalintu, aji ingkang kacêtha wontên ing Wedhatama punika dede aji atêgês tiyang, nanging ratuning gêsang (manungsa sajati) ingkang anggêsangi saha angratoni pôncadriya dalah kuwadhaganipun. Dados agami agêm-agêming aji suraosipun: manungsa sajati punika lairipun wontên ing ngalam donya ngagêm pôncadriya sawadhagipun. Amila manungsa punika kêdah sagêd mangrèh pôncadriya saha kuwadhaganipun, sampun ngantos kuwalik: pôncadriya saha kuwadhagan mangrèh manungsa. Yèn makatên lajêng nama botên sagêd ngagêm agêm-agêmanipun.

Manawi dipun laras saking kalairan, dipun othak-athik mantuk, inggih kenging, saugi botên ambibrahakên suraosipun. Aji punika panjênênganipun nata ingkang mêngku utawi ngratoni nagari, pôncadriya para narapraja, kuwadhagan punika kawula. Manawi narendra pamêngkunipun dhatêng nagari akanthi adil palamarta, asih ing dasih kaswasih, para narapraja saha para kawula suyud sumungkêm dhatêng ratu gustinipun, tumindak punapa ingkang sampun dados sêsanggêmanipun, sampun tamtu kemawon nagarinipun gêmah ripah tata raharja.

[Iklan]

Ananging kadospundi, gêgayutan kalihan ajênging jaman, kathah tiyang ingkang botên kobêr punapa botên purun nindakakên tatanan sae. Malah asring kamirêngan anggèning sami udur-uduran rêbat lêrês, ceda-cineda, lumuh asor kêdah unggul. Sampun malih ingkang beda tatananipun yèn ta botêna panthêlêngan, lah tiyang nunggil tatanan inggih makatên. Jêmbar-jêmbaring jagad malah wontên tiyang ingkang asring nacad caranipun piyambak, sok kêlair botên ngakêni dhatêng caranipun, purunipun ngakên manawi pinuju bêtah.

Ingkang langkung ambêbayani punika tiyang ingkang anggèning nindakakên tatanan namung ulas-ulas, lumampah dipun pidosa, nanging nyatanipun namung kangge pirantos punapa tutup anggèning nindakakên pakar- [pakar...]

--- 2065 ---

[...-] tinipun ingkang botên jujur, ing batos nêdya gêsang piyambak, mulya piyambak, mênang piyambak sapiturutipun, botên pisan-pisan maèlu dhatêng kasusahaning asanès. Cara gujênganipun, tumindakipun botên krana Allah, nanging krana olèh.

Anggèn kula mastani manawi sadaya tatanan punika lêrês saha sae, ing ngajêng sampun kula aturakên bilih mirid saking suraosing sêrat-sêrat wulang. Cobi ing ngriki kula cublikakên sawatawis supados dados panimbang:

1. Kudu asih marang sapadha-padhaning tumitah, kayadene asih marang awake dhewe. | 2. Aja anjurungi kêkarêpan kang ora jujur, mundhak nyuda têntrêming atimu. | 3. Kawruh iku akèh, mula aja kêndhat sinau yèn durung mati. | 4. Gusti Allah ora ngowahi kaanane manungsa, yèn manungsa ora tumindak dhewe. | 5. Ing dalêm pati ora ana kang mitulungi, kajaba mung awake dhewe. | 6. Padha srêgêpa nyambut gawe, kayadene ora mati salawase. | 7. Tumuli nindakna kautaman, kayadene sesuk bakal mati.

Samantên kemawon kados sampun anyêkapi kangge nyumêrêpi awon sae saha lêrês lêpatipun wêwarah ingkang sae.

Para ahli punika limrahipun sok cêngkah ing pamanggih, sami rêbat lêrês ngantos dipun rencangi bêkênêngan.

[Iklan]

Kula piyambak mastani: ngilmi kabatosan punika têtêp tatanan sae. Jalaran wêwarah saha pitêdahipun tumuju dhatêng lair batos. Mila manawi anggènipun anggêgulang sampun kandhas ing batos, inggih lajêng nama ngilmi kabatosan yêktos.

Wasana manawi wontên sisiping atur kula, mugi sampun kirang ing pamêngku tuwin pangaksama.

Ki Darmaprawira.

Kêpanjèn - Malang.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4566 ing Sala: wisêl f 6 sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 2647 ing Lamongan. Bale Pustaka namung sade jilid I dumugi III. Boekh. Kolff. Btc. sade kumpêlit. 1 buku tamat rêgi f 3.-

Lêngganan nomêr 814. Tanggal 5 Mulud 1825 sanès taun Jimakir, nanging taun Wawu, wuku Pahang, môngsa III dhawah dintên, Sênèn Pon, 26 Agustus 1895. Yèn sampun kabênum, dhinês daggelder ugi tumut kangge ngetang pènsiun.

--- 2066 ---

Kawruh Sawatawis

Panulaking Ama Bajing.

Manawi kula pinuju dolan dhatêng padhusunan, sanadyan namung sakêclapan, nanging mêksa sagêd sumêrêp kalayan cêtha bilih para sadhèrèk dhusun sami wêkêl anênanêm, makatên punika kêtitik saking papan pakawisanipun tansah isi karangkitri warni-warni. Kados ta: kalapa, durèn, nôngka, dhuku, rambutan, langsêp, mundhu, pêlêm, sawo, jêram, manggis, pisang, srikaya, mulwa, dêling, randhu utawi kajêng taun sanès-sanèsipun.

Kabêkta saking cupêting papan tuwin kathahipun ingkang katanêm, satêmah mahanani rungkuding pakawisan, mila makatên awit êpanging têtuwuhan wau kathah ingkang sami têmpuk dhatêng wit sanèsipun, upami êpanging nôngka têmpuk akalihan êpang durèn, êpang durèn tumiyung dhatêng pêlêm, êpang pêlêm dados satunggal kalihan rambutan, samantên ugi wit sanès-sanèsipun kathah ingkang êpangipun anggêpok dhatêng gluguning wit kalapa utawi gandhèng kalihan papahipun.

Mênggah kawontênaning pakawisan ingkang kados makatên wau, kajawi rungkud inggih adhakan dipun ênggèni ing ama bajing, awit sami rêmên manggèn ing ngriku. Kadosdene ingkang pinanggih ing laladan Malang sisih kidul, saurutipun margi rêgènsêkap antawisipun: Krèbèt akalihan Wajak, ing ngriku kula nyumêrêpi têtanêman kalapa sawatawis kathah, gadhahanipun sadhèrèk dhusun, witipun kathah ingkang sampun inggil, tuwin sami awoh, tuwuhipun dumunung ing sasêla-sêlaning karangkitri sanèsipun, nanging eman sangêt dene sabên kalapa wau dumêgan lajêng dhawah tur sampun sami bolong saking pakartining ama bajing, amila sadhèrèk dhusun ing ngriku inggih lajêng kêpêksa sami mrihatosakên dhatêng bab punika, pratikêlipun makatên:

Sawênèh wit kalapa wau dipun dèkèki dudutan mawi tangsul panjang kaangsalakên griya, kandhang utawi pawon, supados gampil pandudutipun, dene pucuking dudutan kaangsalakên dêling satêngkêl kasigar winangun caplokan, gumandhul ing papah kalapa, dados samôngsa kadudut saking ngandhap nyuwara kêprak-kêprak. Wontên ugi ingkang migunakakên êblèg kothong, ing têngah ginandhulan tugêlan kajêng minôngka tabuh, dados yèn êblèg wau kadudut nyuwara brèng brèng, brèng brèng utawi glondhang-glondhang.

Sawênèhipun malih sabên wit kalapa, ing têngah-têngah kabungkus mawi êblèg utawi êsèng, dipun bèbèr sarta kapaku angsal wit (glugu), wiyaring bungkus watawis nyatêngah mètêr utawi langkung, pamrihipun supados bajing botên sagêd marambat ing ngriku, awit êblèg punika tumrap kuku bajing têmtu lunyu.

Nanging mênggah nyatanipun, pirantos-pirantos kados ingkang kapratelakakên nginggil punika botên wontên ingkang mitadosi, katôndha

--- 2067 ---

amanipun bajing mêksa taksih sagêd angrêrisak, inggih punika: Purunipun sumingkir ngêmungakên yèn pinuju dipun oprak-oprak kemawon, mangke manawi pandudutipun kèndêl, pun bajing inggih lajêng dhatêng malih, malah sawênèh namung umpêtan ing sasêla-sêlaning papah, kabêkta saking juligipun, danguning dangu kulina lan botên ajrih dhatêng swara goprak utawi glondhang punika wau (abêr). Môngka tiyang gêgriya punika têmtu gadhah padamêlan sanès, botên ngêmungakên têngga bajing kemawon, mila pirantos dudutan wau inggih têtêp botên patos mikantuki.

Sapunika lajêng ingkang awarni bungkus êblèg utawi êsèng, punika inggih dèrèng sapintêna pakantukipun, awit ingkang kathah pamasangipun ragi kandhapên, dados sanajan bajing wau botên sagêd minggah nurut uwit, nanging lajêng ngupados lembaran saking wit sanès, inggih punika saking êpang-êpanging karangkitri sacakêtipun ngriku, mancolot prênah sanginggiling bungkus utawi nurut papah ingkang rumiyung dhatêng wit liyanipun, dados cêkak aosipun, pun bajing mêksa taksih sagêd angrêrisak.

Yêktosipun bab panulaking ama bajing ngangge pirantos ambungkus uwit mawi êblèg punika sampun nama prayogi, nanging manawi lêrês pamasangipun, inggih punika sampun ngantos andhap-andhap, yèn sagêd malah kêdah kapara inggil, cakêt kalihan wohipun, dados bajing sagêdipun marambat namung saking papah, pramila papah wau ingkang sakintên cêcêlakan kalihan wit-witan sanès, prayogi dipun kêthoka kemawon, supados botên nuwuhakên kapitunan. Botênipun makatên inggih wit sanès ingkang gathuk akalihan papah kalapa tumuntên dipun tutuhana. Awit yèn miturut petang, sami-sami karangkitri, kalapa punika kalêbêt agêng piyambak misilipun, amargi awohipun lumintu, tanpa usum-usuman kados wit-witan sanèsipun. Badhe kasambêtan.

Nirrasa.

Sayêmbara

Nuwun awiyosipun.

College Gedeputeerden Provinciale Raad Jawi Wetan kagungan pamanggih prêlu sangêt anggêsangakên malih têmbang Jawi ing propinsi punika, sampun katitipriksa mênggah dolananipun lare-lare, wasana lajêng cêtha manawi ing pundi-pundi panggenan kawontênanipun dolanan-dolanan punika mundur sangêt. Ingkang dados sababipun botên prêlu dipun petani wontên ing ngriki, namung College Gedeputeerden anggalih prêlu ngupados rekadaya supados dolanan saliyanipun lare Jawi ing propinsi punika sampun ngantos ical, sagêda gêsang malih.

Salah satunggaling reka wau sarana ngawontênakên sayêmbara nglêmpakakên lêlagon kalihan têtêmbangan ingkang kangge lare-lare Jawi ing tanah wetan ngriki, saha malih dolanan ingkang mawi lêlagon utawi têtêmbangan.

Pranatanipun kados ingkang kacêtha ngandhap punika:

--- 2068 ---

Bab 1. Prêlu nglêmpakakên têmbang-têmbang utawi lêlagon saha dolanan ingkang dèrèng kawrat ing buku-buku ingkang samangke sampun wontên. Têmbang-têmbang, lêlagon saha dolanan wau ingkang taksih kangge lare-lare Jawi ing Jawi Wetan. Anggêr tiyang kenging tumut anglêbêti sayêmbara punika.

Bab 2. Sabên kintunan sayêmbara botên kenging langkung saking 100 iji.

Bab 3. Sadaya kintunan kêdah dipun sêrat ngangge aksara latin kalawan cêtha, langkung prayogi malih manawi dipun tik.

Bab 4. Sabên nomêr prêlu mawi katêrangan:

1. Dipun angge ing dhusun utawi jajahan pundi,

2. Kanggenipun punapa (upami kangge nglela-lela lare, kangge milang lare, cumpli utawi cumplo, kangge moyoki, kangge dolanan).

3. Lagunipun kadospundi (katêrangna mawi nut manut pranatan ing Sariswara, wêdalan s' Lands Depot van Leermiddelen, catalogus No. 4268) ugi prêlu katêrangakên punapa lagu pelog utawi slendro tuwin lagu sanèsipun malih.

Bab 5. Manawi wontên têmbang kangge dolanan utawi ingkang mawi solah dolanan utawi solah wau kêdah dipun têrangakên, saya sae malih, manawi sarana gambar.

Bab 6. Kintunan punika kêdah dipun kintunakên ing sadèrèngipun tanggal 31 Januari 1939 dhatêng Inspecteur Hoofd van den Dienst der Provinciale Onderwijsaangelegenheden ing Surabaya.

Bab 7. Kintunan punika prêlu kalêbêtakên ing amplop rangkêp kalih: ingkang jawi dipun alamati kados ing bab 6 punika wau, amplop ingkang nglêbêt mawi dipun cirèni: "Geheim" kintunan sayêmbara têmbang Jawi, lajêng namanipun ingkang ngintunakên, klayan cêtha (sanès tôndha tangan) kalihan adrèsipun pisan.

Bab 8. Kintunan têmbang botên kenging dipun sêrati namanipun ingkang nglêbêti sayêmbara.

Bab 9. Sasampunipun katampi dening Voorzitter jury (Inspecteur ing Surabaya), kintunan punika lajêng dipun nomêri urut: nama lan adrèsipun kasimpên ing kantor Inspectie; têmbangipun dipun têrusakên dhatêng para warganing jury supados dipun priksa.

Jury botên sumêrêp namanipun ingkang nglêbêti, namung nomêripun, makatên wau murih adilipun.

Bab 10. Ganjaran manut putusanipun Collega Gedeputeerden wontên f 150.- (satus sèkêt rupiyah) badhe dipun bage dening jury manut kawontênanipun sasampunipun kintunan-kintunan têmbang wau dipun priksa sadaya.

Bab 11. Tumrap sadaya kintunan College Gedeputeerden kagungan, auteursrecht, kagungan wêwênang ngimpun, saking sadayaning kintunan, ngêcapakên lan ngêdalakên. Manawi dipun dadosakên buku, College Gedeputeerden nanggêl pituwas sapantêsipun dhatêng sintên ingkang nglêmpakakên, manut putusanipun College wau.

Surabaya 22 Agustus 1938.

De Jury.

--- [2069] ---

Jaarmarkt Surabaya

[Grafik]

Gambar nginggil: Burgêmistêr Fuchter nalika mêdhar sabda pambikaking Jaarmarkt kiwa lênggah: Tuwan van der Plas, Gupêrnur Jawi Wetan.

[Grafik]

Gambar nginggil: sanjata mêsin, ingkang kapitongtonakên dening wadya dharat. Ngandhap kiwa: tiyang natah ringgit wacucal. Têngah: Tiyang mrada sinjang parangparung.

[Grafik]

Gambar nginggil: gapura lawang patukangan, ingkang amitongtonakên damêlanipun tiyang siti ing Jaarmarkt. Gambar bundêr golongan marinê ingkang amitongtonakên dêdamêlanipun sop. Ngandhap: Pandamêling sawarnining blèg, ingkang kapitongtonakên dening pabrik blèg, gadhahanipun B.P.M.

[Grafik]

Ngandhap piyambak: Salah satunggiling bango ingkang sêsawanganipun asri, karêngga-rêngga ing dilah lêstrik.

[Grafik]

--- 2070 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Surabaya 10 Oktobêr 1938.

Ingkang Taklim.

Wiyose, Kang Garèng, aja pisan ngrêmpêlu jêrohanamu, dene aku ora tumuli awèh kabar marang jênêng sira kakang bèi. Nanging kapriye manèh, adhimu kiyi tinakdirake dikasihi dening ingkang kuwasa, mulane dhog têka ing Surabaya, banjur didhawuhi mangkene: Ênggèr, sajêrone têlung dina iki kowe ngasoa, tak lilani: mangan enak, turu kêpenak, nanging ora kêna lunga-lunga. Kowe wêruh dhewe, Kang Garèng, aku kiyi bangsane wong nurutan, aja manèh didhawuhi ingkang kuwasa, oraa nurut, lagine dikon adhimu Makne Kamprèt bae iya mêksa nurut, yaiku dikon... nahan bon-bon toko nganti têkan ing sasi ngarêp. Jalaran saka dhawuhe ingkang kuwasa mau, sabanjure dhog têka ing Surabaya anjujug ing omahe nak-sanakku, nganti tumêkane dina Minggu aku ora mêtu-mêtu saka ngomah, sabab têrus-têrusan aku katamuan mas ajêng... pluwensah, yaiku lara panas nganggo dilanjari watuk. Dumadakan dinane Minggu aku ujug-ujug bisa mak: bêgènggèng, kanthi kontan adhimu Makne Kamprèt, lan Bu Mar banjur bae tak ajaki lunga nyang: Yarmarêk. Anggonku nulis layang iki ana ing resturan: P(oeteri B(oedi S(edjati), wong iya aku lagi nglemboni, bêstèlanaku iya sathekruk, tur iya bôngsa sing: lèhêr-lèhêr, lan sing: sêhêr-sêhêr. Ora prêlu tak cêthakake ana ing kene, mundhak kalamênjingmu têrus langsir. Mara, saiki tak caritani pangalamanaku wiwit pangkat saka ing Batawi tumêkane ing dina saiki.

Kaya kang wus kok sumurupi, pangkatku têtêlu, yaiku: aku, Makne Kamprèt, utawa Bu Mar, ing dina Rêbo, tanggal 5 Oktobêr kang kapungkur iki, ing sarèhne ing dina iku uga aku wis kudu ana ing Surabaya, pangkate iya kudu nganggo sêpur kilat (eendaagsche), Kang Garèng, kaanane ana ing dalan ora prêlu tak caritakake, sabab sêpure mung têrus ngênthir prasaksat ora mandhêg-mandhêg, saka ing Bêtawi tumêkane ing Surabaya mung mandhêg ing sangang panggonan, yaiku saka ing Batawi, mandhêg ing Cikampèk, Crêbon, Purwakêrta, Kroya, Ngayoja, Sala, Mêdiun, Kêrtasana, lan Surabaya, dadi sabênêre ing sadalan-dalan mung langganan ambosêni thok bae, ewadene ana rong prakara sing prêlu tak caritakake, Kang Garèng. Kang kapisan, munggahing sêpur: gênjlup, aku têrus bukak jas, mung nganggo kêmeja bae, karêpe mono arênarêp. ngirit, ora prêduli nyang awak: clêkat, clêkit, utawa hawaning kèlèk: ngiprit, ora wêruha ing wusana dadi pênyakit. Têkan ing Surabaya dadak anjêngkêlit, watuke: huk, huk, huk, thit, thit, thit. Iki jênêngane [jê...]

--- 2071 ---

[...nêngane] watuk rangkêp, Kang Garèng, ngisor karo dhuwur. Kang kaping pindho, ana ing sêpur mau, kira-kira jam 9 esuk, watakku satriya jaman modhèrên, dumadakan tuwuh, yaiku: wêtêngku klikikan anjaluk sarapan. Adhimu Makne Kamprèt banjur tak tari: Ayo, bune padha bêstèl bènsin. Wah, wong iya adhimu kuwi mula wanita kuna, prawira bangêt, Kang Garèng, tak tari mêngkono kuwi wangsulane: Êmbok, êmbok, wong yah mene kok wis ngajak bêstèl dhaharan, sarapane mau kuwi nyang ngêndi, gumunku kuwi. Aku banjur nari Bu Mar, Bu Mar ora mangsuli, nanging mung mêcucu bae, kala samono aku ora ngrêti-ngrêtia yèn Bu Mar bakune lagi mabuk sêpur. Kanthi ora mrêduli sapa-sapa, aku banjur bêstèl bae: sêga putih, bêstik, omêlèt, acar lan sambêl, têlung porsi. Barêng wis rampung, Makne Kamprèt rada megat-megot êmoh mèlu mangan, jarene: isih warêg. Dene Bu Mar, ora gêlêm babar pisan, rupane kaya wong kêsambêt ana ing prapatan, pucit bangêt. Adhimu Makne Kamprèt, gêlêm ora gêlêm, banjur tak pêksa bae tak kon ngrewangi ngêpung bêstelanaku mau, e, dilalah, barêng gêlêm mangan adhimu Makne Kamprèt kuwi, ora mung porsine dhewe, dalasan porsine Bu Mar katut dilabasake pisan.

[Grafik]

Kira-kira jam 6 luwih sêprapat, sêpur sing ditunggangi wis têkan ing sêtatsiun Gubêng ing Surabaya. Kala samono atiku ujug-ujug mak pyar lêga bangêt, awit aku wêruh sadulurku nak-sanak, jênggilêng-jênggilêng kaya Raja Tamtanus cukuran brêngos, mêthuk aku. Ing batinku: Alkamdulillah, ora kelangan dhuwit hotèl. Sabanjure aku kêtêlu banjur diboyongi ing omahe nak-sanakku mau, kang nyambut gawe dadi kurawa sêpur ing sêtatsiun Wanakrama.

Kocapa, Kang Garèng, lagi dhog bae ana ing pondhokan, aku ora mung dilèncèri, malah têrus dirangkul babar pisan dening mas lara... pluwensah. Awake têrus panas, kathik watuk rangkêp kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp. Wis mêsthi bae iki andadèkake bingunge tuwan rumah lan nyonyah rumah, lan sanalika kono Makne Kamprèt iya banjur têrus dibênum dadi mantri plik-plikêr.

--- 2072 ---

Wah, Kang Garèng, nalika samono nalangsaku kaya wong kang tanggane mêntas mênang lotre kae. Ing batine: tanggaku kae, bisa sênêng, main royal-royalan, main her-heran, lan ropyan-ropyan, balik aku kok mung dikon kaya mêngkene bae. Mêngkono uga pikiranaku wêktu iku: wong-wong liya padha plêsir-plêsir nyang Yarmarêk, bisa jajan sing nyamlêng-nyamlêng, bisa nonton cara Banyumase sing kanjat-kanjat, cêkake mripat lan cangkême padha panèn, balik aku jêbul mung dikon kêthap-kêthip ana ing ngomah bae. Nanging sing luwih agawe nalôngsa atiku, Kang Garèng, dene aku ora kêna angin-anginan babar pisan, dadi kudu nyang ngomah bae. Ewasamono wong-wong, mêngkono uga nyonyah rumah utawa tuwan rumah, sing padha anêksèni laraku mau, sajak padha ora pati ngandêl yèn aku iki lara têmênan. Garundêlane padha mangkene: hla kok anèh, jarene lara, wong lagine sarapan bae, kon tanduka ping têlu. Iki rak padha bae karo wong maido mangkene kae: hla wong bojone wis ayu, kathik isih nyêlir, endah-endah wong dêlap. Mara, maido sing kaya ngono kuwi apa ora salah wèsêl. Bojo ayua kae, yèn ana ing ngomah mung gawe pêgêl bae, apa wong lanang ora banjur golèk lêlipur ana ing jaba. Mêngkono uga nalikane aku lara, matane kon kudu prihatin, yakuwi le kudu nyang ngomah bae mau, wêtênge iya kudu dilêlipur sawêtara, ta, cêkake anggonku dikon tapabrata ana ing ngomah bae mau, nganti têkan dina Minggu.

Wau ta, dina Minggune aku rada ambrêgènggèng, Kang Garèng, sanadyan isih rada cêkrah-cêkruh sathithik. Sakala iku aku iya banjur leha-leha ana ing Yarmarêk.

Kang Garèng, saupama aku dikon mawas kaanane Yarmarêk ing Surabaya, sabênêre mono mèh kêna diunèkake dhuplikate pasar Gambir. Sabab sing dipitongtonake ana ing pasar Gambir, kaya ta: padhasarane S.S. yaiku lakune sêpur ing tanah Jawa, ngalonjoke ing Sumatrah, padhasaran marinê, padhasaran Indhosinah, dhangsih-dhangsih satêngah wuda saka Manillah, kumidhi Tionghwa: Sang Pisung, lan liya-liyane manèh, kuwi kabèh kayadene mung dilangsir bae nyang Surabaya. Mung bae kanggone mripat Jawa kayadene aku kiyi, isih luwih nyênêngake ana ing Yarmarêk ing Surabaya, awit tongtonan-tongtonan kabèh mau isih nganggo dilanjari tongtonan-tongtonan liyane, sing bisa gawe mantêping atine bôngsa Jawa umume, kaya ta: wayang wong, kêthoprak, reyog Panaraga, andhe-andhe lumut, lan sapadhane, ing kono kayadene komitene krêsa ngrêgani têmênan nyang kagunan lan karawitane bôngsa Jawa, mulane atine wong Jawa sing padha nonton ana ing Yarmarêk ing Suraya,Surabaya. iya padha mantêp sarta mêthunthung.

Nanging, Kang Garèng, layangku samene bae dhisik, mêngko iki aku kudu budhal nyang Blora. Liya dina bae tak layangi manèh.

Adhimu, Sang Petruk.

--- 2073 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Panyuwun bab srimpi karaton. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ingkang bupati ing Cirêbon, gadhah panyuwun konjuk ing Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana bab wirèng badhe kamainakên wontên ing pandhapi kabupatên kangge pêrlu pitulungan babagan sêsakit T.B.C. Ing sapunika kawartosakên, panyuwun wau kaparêngakên. Inggih punika wontên tiyang 21. Ingkang badhe kapitongtonakên, 1 gambyongan, 2 jogèd golèk, 3 wirèng èstri Kelaswara, 4 gambyong, 5 wirèng Srikandhi Larasati.

Babagan Justitie. R.M. Sidarjo, voorzitter Landraad Purwakarta, dados voorzitter Landraad ing Pacitan. Mr. R. Achmad wd. voorzitter Landraad Pacitan, dados tijd. buitengewoon voorzitter Landraad ing Surakarta.

Pakêmpalan bangsa Tionghwa Islam. Pakêmpalan bangsa Tionghwa Islam ing Medan, matah comite dhatêng tanah Jawi, pêrlu pados sêsambêtan kalihan pakêmpalan-pakêmpalan Islam ing tanah Jawi. Kajawi punika nêdya sêsorah wontên sangajênging golongan Tionghwa Islam ing pundi-pundi.

Badhe ngawontênakên paboyongan ing Sumatra. Wontên wartos, golonganing bangsa Walandi pranakan ingkang sampun ngadani paboyongan ing Nieuw Guinea, badhe damêl papan paboyongan ing Sumatra, amargi paboyongan ing Nieuw Guinea katingal botên dados.

Sinau dhatêng Bestuursacademie. Tumrap abdi dalêm karaton Ngayogyakarta ingkang kapiji sinau wontên ing Bestuursacademie R.Ng. Pringgo Sumarman, asistèn wêdana Prambanan.

Cacahipun têtiyang paboyongan ing Lampung. Miturut pêpetangan, cacahipun têtiyang ingkang boyongan dhatêng Lampung ing wêkdal punika wontên 19.615 jiwa. Pêprincènipun saking Cirêbon 30, Pêkalongan 2794, Banyumas 1706, Kêdhu 2068, Ngayogya 3972, Surakarta 3181, Madiun 1268, Kêdiri 2927, Jêpara Rêmbang 158, Bojonêgoro 702 tuwin Malang 809.

Propaganda sarana kêthoprak. Tumrap Gunungkidul, kawontênakên propaganda kangge pêrluning boyongan dhatêng Lampung. Caraning propaganda sarana mawi rêmbag raosan ing bab rêkaosing panggêsangan wontên ing Gunungkidul, langkung prayogi pindhah boyongan dhatêng Lampung. Ingkang gadhah tindak makatên punika tuwan controleur, pinanggihipun langkung sae.

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, R. Danar, asistèn wêdana Brangsong, Dhistrik Kaliwungu, Kabupatèn Kêndal, Paresidhenan Sêmarang, dados adjunct-hoofdjaksa Landraad ing Sêmarang.

Rêdi Pênanggungan kêbêsmèn. Sampun sawatawis dintên, rêdi Pênanggungan ingkang perangan nginggil, katingal kêbêsmi. Rêdi Pênanggungan punika rêdi alit ing antawising rêdi Arjuna kalihan rêdi Walirang. Latunipun ingkang ambêsmi wau lajêng katingal mrèmèn mangandhap, lajêng minggah malih. Ingkang kêbêsmi wau ing panggenan ingkang inggilipun 1600 m. Pangrèh praja tuwin Pakaryan Wana lajêng tumandang badhe nyirêp, nanging tanpa damêl. Sasirêping latu, rêdi wau katingal têlas kêbêsmi.

Lampah layaran tiyang siti saya majêng. Ing Pasar Ikan, Bêtawi saya katingal kathah baita-baita ingkang labuh ingriku saking sanès panggenan, ingkang katindakakên dening bangsa Madura utawi Makasar. Rumiyin sadintênipun ingkang dhatêng 10, sapunika ngantos 30. Bab punika lajêng dados wawasanipun ingkang sami gêgayutan.

Warga Raad Indhiya dhatêng tanah paboongan.paboyongan. Benjing tanggal 15 dumugi tanggal 31 wulan punika, warga Raad Indhiya Paduka Tuwan Kuneman têdhak papriksa dhatêng tanah paboyongan Sumatra panggenaning bangsa Eropa ing Dairilanden, tuwin paboyongan têtiyang siti ing sacêlaking Ophir tuwin Airbangis.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, Tuwan A.C.H. de longh, T. Banan tuwin Tuwan Werbata.

[Iklan]

Nyalonakên warga Raad Kawula. Pêrkumpulan Politiek Katholiek Indonesia nyalonakên warga Raad Kawula: Tuwan-tuwan Kasimo ing Surakarta, Haryadi ing Karanganyar, Dr. Sujito ing Munthilan, R.M. Yomo, ing Ngayogya, H.J. Juffri Nitiharjo, ing Palembang.

Congres P.I.T. ingkang kapisanan. Benjing wulan December ngajêng punika pangarsa tuwin panitraning Pêrsatuan Islam Tionghwa badhe dhatêng Tiongkok, pêrlu badhe tata-tata anggèning badhe ngawontênakên congres ingkang kapisanan, benjing wiwitaning taun 1940, manggèn ing Canton. Ingkang dados pangarsaning pakêmpalan wau Tuwan Lim Kie Chie, tuwan wau ngintên bilih tindak punika dados lantaran ajênging Islam bangsa Tionghwa.

Kêbêsmèn ing Sêmarang. Kala tanggal 8 wulan punika wanci siyang parimatan kajêng S.J.S. ing Sêmarang kêbêsmi. Kajêng ingkang kêbêsmi wontên 300 ton, têlas sadaya. Urubing latu ngantos sadalu muput. Jalaran saking bêntèripun, ngantos adamêl bengkonging ril awudputawujud. aksara S, ingkang wêkasanipun adamêl kandhêging lampah. Jalaraning kêbêsmèn punapa, dèrèng kasumêrêpan.

Golongan guru. Moh. Tajudin alias Wongsoprayitno, guru bantu vervolgschool ing Gadhing, dados wd. kêpala guru vervolgschool ing Pengarengan, Dhistrik Torjun, sami Kabupatèn Pamêkasan. Sawal alias Mangunwardaya, kêpala guru, dados wd. schoolopziener, manggèn ing Majenang, Kabupatèn Cilacap. Gunawi alias Joyosusastro, guru bantu vervolgschool Jombang I pindhah dhatêng vervolgschool Jombang II. M. Supardi Wiryowijoyo, kêpala guru vervolgschool Lumajang No. 2 dados wd. schoolopziener laladan Goranggarèng, manggèn ing Goranggarèng. M. Kasanmulyadi alias Wirosugondo, kêpala guru vervolgschool Ambulu, dados wd. schoolopziener laladan Genteng, manggèn ing Genteng, Kabupatèn Banyuwangi. M. Samsidiharjo, kêpala guru vervolgschool Tuban I, dados wd. schoolopziener laladan Baurena, manggèn ing Baurena, Paresidhenan Bojonêgoro. M. Talam, kêpala guru vervolgschool Kêdiri 4, dados wd. schoolopeiener laladan Srengat, manggèn ing Srengat, Kabupatèn Blitar. M. Umar ugi nama Sastradiwirya, schoolopziener wachtgeld, dados wd. schoolopziener Sumênêp, manggèn ing Sumênêp, Kabupatèn Sumênêp.

Inggah-inggahan. M. Rakijan alias Mangunsumitro, juru sêrat klas I ing Kabupatèn Kêbumèn, dados mantri pulisi Paresidhenan Kêbumèn. M. Karmonadi ugi nama Kusumodirêjo, asistèn wêdana Jati, dados wêdana ing Kradenan, Kabupatèn Grobogan, Paresidhenan Sêmarang.

Van Deventerschool Bandung 20 taun. Kala tanggal 10 wulan punika adêging Van Deventerschool ing Bandung sampun 20 taun. Ingriku kawontênakên pèngêtan. Kathah para tamu ingkang rawuh anjênêngi.

Mr. Siswadipura botên saèstu kèndêl. Wontên wartos sumusul, bilih anggènipun Mr. R.T. Siswodipuro badhe kèndêl saking anggèning dados bupati anom ing Surakarta, botên saèstu.

--- 2074 ---

Sadranan ing Bubutan. Dhawahing wulan punika kathah tamu ingkang sami sanès nagari mêrlokakên nyadran dhatêng pasareanipun Dr. Sutomo ing Bubutan, Surabaya. Dhatêngipun para tamu wau sami numpak bus, ngantos pintên-pintên bus, saking Surakarta, Magêtan, Madiun, Paree tuwin sanès-sanèsipun.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexsamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan Chairul Salèh, M. Adhan tuwin R. Surojo.

[Grafik]

Pangantèn putra lan putrinipun bupati. Ingkang kacêtha nginggil punika gambaripun Radèn Ngabèi K. Hadinoto, putra Bupati Kudus, saha Radèn Ajêng S. Tirtokusumo, putri Bupati Dêmak, ingkang nêmbe-nêmbe punika kadhaupakên wontên ing Kabupatèn Dêmak.

Monsterkamer ing Surakarta. Kala dintên Jumuwah tanggal 7 wulan punika, monsterkamer Praja Surakarta kabikak, dipun jênêngi ing para priyantun garap kantor C Afd. V tuwin para juru kabar. Monsterkamer wau manggèn wontên sakilèn dalêm kapatihan. K.R.M.T. Mr. Wongsonagoro mêdhar sabda ing bab kêparêngipun praja ngawontênakên padhasaran pola-pola sawarnining barang kagunan wêdalan laladan Surakarta, ingkang dipun wastani monsterkamer. Ingriku lajêng mubêng-mubêng papriksa kanthi dipun têrangakên sapêrlunipun. Tindak punika badhe damêl ajênging panggaotan ing Surakarta.

Pêpanggihan para directeur pamulangan têngahan. Para directeur pamulangan têngahan mêntas sami pêpanggihan wontên ing Bêtawi. Punapa pikantuking rêmbag badhe kausulakên dhatêng Directeur Pangajaran. Miturut wartos, ingkang dados rêmbag ingriku ing bab tulatingsexamen klas 1 ing H.B.S., ing bab murid ingkang minggahipun voorwaardelijk, minggah klas ingkang langkung inggil, ing bab examen wêkasan, padamêlan murid ingkang kêdah dipun garap ing griya, proefwerk, repetitie, fonds, bab panêdha malêbêt A.M.S. tuwin H.B.S., pratelan buku-buku, tataning wulangan, dhatêng ing klas tuwin wanci rêmbagan. Bab punika katingal wigatosipun.

Mr. Abdul Mutalib. Mr. Abdul Mutalib, pangarsa Landraad ing Madiun, ingkang badhe kapindhah dhatêng sabrang, awit saking panyuwunipun, kaparêngakên botên saèstu kapindhah dhatêng sabrang, saèstunipun kapindhah dados pangarsa Landraad ing Wonosobo.

Motor mabur kaganggu ing jawah. Kala ing dintên Slasa kêpêngkêr wanci sontên, ing Jawi Kilèn jawah dêrês, kala punika motor mabur ingkang anggêgana saking Cililitan dhatêng Bandung, sadumugining sanginggil parêdèn Bandung nuju jawah dêrês, motor mabur kêpêksa wangsul dhatêng Cililitan. Têtiyang ingkang numpak tuwin post lajêng kabêkta sêpur.

Lindhu kêncêng. Kala dintên Slasa kêpêngkêr, wanci jam 4.45 enjing, ing Mênado kraos wontên lindhu kêncêng sangêt, dangunipun 2 mênit, salajêngipun dipun sambêt lindhu ingkang botên sapintêna, wanci jam 8.15. Observatorium ing Bêtawi ugi nyathêt lindhu saking Mênado.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan têdhak Surabaya. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan sampun rawuh ing Surabaya nitih sêpur kilat, dipun papag asistèn residhèn 2. Ing station kathah sangêt tiyang ningali.

Warga Provinviale Raad. Tumrap Jawi Wetan ingkang katêtêpakên dados warga Provinviale Raad, Tuwan-tuwan M.F.M. van Klooster, guru Mulo ing Madiun tuwin Tuwan W. Verploegh Chasse, agent Javasche Bank ing Surabaya. Tumrap Jawi Kilèn ingkang dados R.A.A. Suryadi, Bupati Cirêbon.

Papriksan cacah jiwa. Cobèn-cobèn nacahakên jiwa ing Cirêbon sampun katindakakên. Secretarising commissie cacah jiwa Dr. P.H. Angenent anjênêngi saha nindakakên punapa cara-caranipun. Sasampunipun wontên ngriku sapêrlunipun, Dr. P.H. Angenent lajêng dhatêng Babadan.

NAGARI WALANDI.

Prins Bernhard sampun kondur. Kala tanggal 9 October punika, Sri Paduka Prins Bernhard sampun kondur saking Jerman.

Kasangsaran baita. Kapal pamisayan ulam ing Scheveningen nalika wangsul saking misaya ulam haring, jalaran ing kala punika nuju angin agêng, kapal wau katêmpuh angin, natap pongol palabuhan, kèrêm. Rahayu wontên kapal pirantos mitulungi kasangsaran, Zeemanshoop, wontên tiyang 11 sagêd kêtulungan, nanging wontên 3 ingkang kêlajêng tiwas.

EROPA.

Kêtênggêl bêbaya paprangan. Miturut wartos saking Barcelona, wontên sêpur ambêkta tiyang numpak, kaprênah 20 mil sawetan Tarragona dipun dhawahi bom saking gêgana ngantos nêm rambahan. Wontên tiyang ingkang tiwas 60, kêtaton 100.

Jerman nyambuti arta dhatêng Turki. Ministêr-ministêr Jerman tuwin Turki sampun adamêl prajanjian, ingkang suraosipun Jerman nyambuti arta dhatêng Turki kathahipun 150.000.000 Reichsmark, pêrlu kangge sadhiya dêdamêl tuwin babagan panggaotan.

Campuhan ing Palestina. Miturut wartos saking Jeruzalem, campuhing wadya Inggris, kalihan golongan Arab ing Jordaan taksih rame. Kathah golongan Arab ingkang tiwas jalaran dipun têmpur wadya Inggris saking gêgana, sarana migunakakên sanjata mêsin, ingkang dipun lêpasakên saking gêgana ingkang botên sapintêna inggilipun.

Jendral mayor Peeff dipun pistul. Jendral mayor Burlgarije Peeff kala tanggal 10 wanci sontên dipun pistul ing tiyang dumugi ing tiwas. Ing kala punika Jendral Peeff nuju badhe dhatêng dalêmipun ministêr paprangan. Miturut katrangan, ingkang mistul wau tiyang preman, nanging wontên katrangan bilih ingkang mistul wau opsir. Salajêngipun tiyang ingkang mistul wau, ngangkah pêjah piyambak. Ajidanipun Jendral Peeff, Mayor Stoyanoff nandhang tatu. Wêkasan tiyang ingkang mistul kêcêpêng, nama Vassoff, botên ngakên sababipun punapa dene gadhah tindak makatên.

Nata Inggris badhe têdhak Canada. Wontên wartos, Nata Inggris sakalihan marêngakên anggènipun ngaturi premier Canada, badhe têdhak Canada benjing tanggal 1939.

ASIA.

Liulin kêrêbat golongan Tionghwa malih. Wadya Tionghwa sampun sagêd ngrêbat Liulin panguwaos Jêpan. Liulin punika antawis 20 km saking tapêl-watês Honan kalihan Hupeh. Wadya Jêpan ingkang wontên Liulin cacah 2000 dipun têlabung saking wingking. Kajawi punika wadya Tionghwa ugi sagêd ngrêbat Hsiuchi, prênah kidul wetan Liulin antawis 10 km. Wadya Jêpan ing Hsintien sampun rêsik.

Jêpan badhe nêmpuh sisih kidul. Miturut wartos saking Hongkong, wontên kapal Jêpan cacah 70 labuh ing sunglon Bias. Kapal-kapal wau angandhapakên wadya wontên ingriku. Salajêngipun badhe nêmpuh saking ngriku.

Wadya Tionghwa unggul. Miturut wartos saking Hankow, wadya Tionghwa nêmpuh wadya Jêpan sakalangkung sêrêng ingkang sami manggèn ing margi sêpur Peiping-Hankow, kaprênah sakidul Sinyang, wadya Jêpan tiwas 200. Wontên wadya Tionghwa campuh kalihan wadya kapalan Jêpan ing Luliang, ingriku wontên wadya bêbantu Jêpan jumêdhul ing Chiulikwan, kapalan tuwin dharat cacah 200. Nanging wadya Tionghwa gita nanggulangi saking sanès panggenan. Ungguling wadya Tionghwa adamêl gambiraning golongan sanès. Ing papan paprangan pinanggih kèbêkan bangke, dêdamêl Jêpan kathah ingkang kêjarah. Gêlaripun wadya Tiongkok kalêrêsan, tansah sagêd ngurung wadya Jêpan.

--- 2075 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

22

Sanadyan Jak wau mêntas nindakakên makatên, ewasamantên botên rumaos anglampahi dosa. Awit gêsang ing wana punika ingkang dados pathokanipun: sintên ingkang kuwasa, inggih punika ingkang gadhah wêwênang. Ingkang makatên punika sampun rumasuk ing balung sungsumipun sintêna kemawon, ingkang dêdunung wontên ing wana, botên mrêduli kewan utawi manusa, sanadyana manusa ingkang angsal pangajaran pisan. Jak mangrêtos, saupami piyambakipun ngantos karumiyinan, botên sande piyambakipun têmtu dipun pêjahi dening tiyang wanan wau. Gêsang wontên ing salêbêtipun wana punika, botên wontên satunggiling makluk ingkang kêdah linuwaran saking bêbaya pêjah. Satunggal-satunggalipun namung gêsang sapisan, amila kêdah anjagi kawilujênganipun piyambak-piyambak, ing môngka taksih kathah malih ingkang kêdah lêstantun gêsang. Jalaran saking punika, sintên ingkang kêlimpe, inggih amanggih pêjah. Ingkang punika, ingkang dados wêwatonipun gêsang wontên ing wana, saya kathah mêngsah ingkang dipun pêjahi, saya utami tumrap piyambakipun piyambak. Jalaran saking punika, anggèning Jak sagêd mêjahi tiyang wanan kados ingkang kacariyosakên wau, botên lajêng rumaos dosa, malah lajêng mèsêm. Sasampunipun wacucal lepar ingkang dipun angge dening tiyang wanan wau dindipun. copot sarta dipun angge piyambak, Jak lajêng sêsarêngan kalihan Akut anglajêngakên lampahipun nêdya ngupadosi golonganipun kêthèk bangkokan bangsanipun Akut. Sarêng lampahipun wau lumêbêt ing wana bêbondhotan, ujug-ujug lajêng dumugi ing papan ingkang ngênthak-ênthak awujud kadosdene satunggiling kalangan, kalangan punika wujudipun mèh sami kalihan papan ingkang sok dipun pigunakakên kangge papan pahargyan dening kêthèk-kêthèk bangkokan, sarta ingkang sampun nate dipun alami piyambak dening Tarsan, bapakipun Jak, watawis taun ingkang sampun kapêngkêr.

Ing sarèhning ing kala punika sampun kasaput ing dalu, Jak tuwin Akut lajêng sami ngaso wontên ing wit-witan agêng ing sacêlakipun kalangan ngriku. Dèrèng ngantos dangu anggènipun sami tilêm, kalih-kalihipun lajêng sami kagèt tangi. Jalaran ing katêbihan ujug-ujug kamirêngan suwara glêgêr-glêgêr rame. Sanalika punika Akut lajêng mangrêtos suwara punapa ingkang kamirêngan saking ngriku punika, sarta lajêng wicantên dhatêng Jak makatên:

Hla, kae apa golonganing kêthèk bangkokan. Saiki lagi rame-rame sarta jêjogedan nganggo têtabuhan kang nyuwara dhêm, dhêm. Ayo, Korak, anake Tarsan, padha marani golongane dhewe.

Watawis wulan ingkang kapêngkêr, ing sarèhning Akut botên sagêd nyêbut namanipun Jak kanthi cêtha, lajêng pados nama mêndhêt saking basanipun golonganing kêthèk bangkokan. Salajêngipun Jak lajêng dipun sukani nama: Korak dening Akut. Miturut basaning kêthèk bangkokan, Korak punika atêgês: tukang mêmêjahi. Tumrapipun Jak, nama ingkang makatên punika pancèn inggih sampun mathuk sangêt. Awit sasumêrêpipun Akut, salaminipun wontên ing wana ngriku, dèrèng nate wontên makluk ingkang nandhingi Jak, ingkang botên kalampahan dipun pêjahi dening Jak. Jak utawi Korak, sanalika punika inggih lajêng tangi saking anggènipun lèyèh-lèyèh wontên ing pang kalihan lendhehan ing wit agêng wau, salajêngipun nuntên mandhap saking wit-witan, sarta lajêng tut wingking lampahipun Akut.

Ing sêmu Akut bingahipun kalangkung-langkung, lampahipun gêrêng-gêrêng rêrikatan satêngah ngadêg. Dene ingkang dipun ênêr ing prênahipun suwara ingkang rame wau. Makatên ugi pun Jak, ing sêmu inggih katingal bingah sangêt. Tôndha yêktinipun: salêbêtipun lumampah mawi rêngêng-rêngêng têtêmbangan kados nalika taksih sêkolah. Pancèn yêktos, ing kala punika Jak rumaos ayêm lan sênêng, awit ingkang tansah dados pangajêng-ajêngipun inggih punika sagêda kêmpal kalihan golonganing kêthèk bangkokan, badhe tumuntên kalêksanan. Punika [Pu...]

--- 2076 ---

[...nika] atêgês: piyambakipun badhe gadhah griya ingkang gumathok, sarta sanak sadhèrèk kathah. Salaminipun Jak ngumbara turut wana ngantos pintên-pintên wulan wau, sanadyan dhatêng tiyang sêpuhipun botên nate supe, nanging prasaksat piyambakipun lajêng botên patos èngêt malih dhatêng griyanipun piyambak. Gêsangipun ing kala rumiyin, dangu-dangu lajêng namung kadosdene impèn kemawon, botên kados lêlampahan ingkang sayêktos. Niyatipun ing sakawit anggènipun daya-daya tumuntên sagêda wangsul dhatêng Inggris, sarêng tansah botên sagêd kalampahan kemawon wau, lajêng prasaksat ical babar pisan, awit rumaosipun, mokal bilih niyatipun wau sagêda kasêmbadan.

Langkung malih sarêng anggadhahi pangajêng-ajêng badhe sagêd kêmpal kalihan golonganing kêthèk bangkokan punika, lajêng botên gadhah gagasan malih nêdya wangsul dhatêng Inggris. Awit kajawi badan tuwin pikiranipun, sajatosipun Jak punika sampun nama kêthèk, botên beda kadosdene sarênganipun lumampah, inggih punika pun Akut, kêthèk bangkokan.

Saking bingah-bingahipun ing kala punika Jak ujug-ujug nabok sirahipun Akut. Akut ragi nêpsu, nanging ugi satêngah gêgujêngan. Akut ambalik saha lajêng mringisakên untunipun, tanganipun kalih ingkang panjang kaslonongakên nêdya nyandhak badanipun Jak. Lan botên watawis dangu, kados padatan, Jak tuwin Akut lajêng sami gêlut-gêlutan, banting-binanting, jotos-jinotos, tuwin cokot-cinokot, nanging anggènipun cokot-cokotan wau botên yêktosan, ngêmungakên ethok-ethokan kemawon. Manawi kalêrês makatên punika, limrahipun Jak lajêng migunakakên kaprigêlanipun bantingan ingkang dipun sinau ing kala sêkolah. Kapintêranipun Jak ingkang makatên punika, ugi lajêng katiru dening Akut. Kosokwangsulipun Jak ugi kathah anggènipun angliyêr kasagêdanipun Akut.

Namung wontên saêbabab,saêbab. inggih punika: boksên, pratikêlipun jotosan, ingkang Akut botên sagêd niru, môngka Akut punika ingatasipun kewan kalêbêt pinunjul. Manawi Akut anêmpuh kadosdene banthèng kataton, ujug-ujug dipun jotos dening Jak ing irung utawi ing lêmpèngipun, saking kraos sakit, Akut sok lajêng kagèt lan kêdandapan. Limrahipun, Akut sok lajêng nêpsu saèstu, lan nêdya ngêmpakakên siyungipun kanthi yêktosan dhatêng mitranipun ingkang dipun trêsnani sangêt wau, awit sanadyan Akut punika sampun anjilma sangêt, nanging taksih têtêp kêthèk, satunggiling kewan ingkang galak lan cêpak nêpsunipun.

Ing dalu punika Jak botên migunakakên kaprigêlanipun jotosan, namung bantingan kalihan gêgujêngan kemawon. Nanging dèrèng ngantos dumugi anggènipun gêgêlutan wau, ujug-ujug sami mambêt gandanipun sima tutul. Sanalika punika inggih lajêng sami kèndêl anggènipun bantingan wau. Ing kala punika sima tutul ngadêg wontên ing sangajêngipun ngriku, angawasakên anggènipun Jak lan Akut gêgêlutan. Jak tuwin Akut lajêng anggêrêng sêmu purun. Sanalika punika sima tutul lajêng kesah saking ngriku.

Salajêngipun Jak sarta Akut nuntên anglajêngakên lampahipun ngênêr dhatêng prênahipun suwara: dhêm, dhêm, ingkang rame punika. Saya cakêt saya sora suwaraning dhêm dhêm. Dangu-dangu sagêd kamirêngan gêrêng-gêrênging kêthèk-kêthèk bangkokan ingkang sawêg sami jêjogedan, makatên ugi ambêting kêthèk bangkokan saya cêtha. Saking gambiranipun, badanipun Jak sakojur andharêdhêg, wulu githokipun Akut sami ngadêg, inggih saking gambiranipun wau. Pancèn inggih nyata, tumraping manusa utawi kewan, manawi sawêg gambira utawi nêpsu, punika titikanipun mèh sami kemawon.

Tanpa nyuwara Jak tuwin Akut mindhik-mindhik anyakêti papanipun ingkang kangge kêmpalan kêthèk-kêthèk bangkokan wau. Salajêngipun anggèning nêdya nyêlaki papan ngriku wau kanthi lampah turut wit-witan sarta botên tilar kaprayitnan. Awit ing pundi-pundi limrahipun wontên pajagènipun. Saking sêla-sêlaning gêgodhongan ing ngriku Jak ujug-ujug sumêrêp kawontênan ingkang adamêl ngunguning manahipun. Tumrap Akut, kawontênan ingkang makatên wau, namung nama limrah, nanging tumrap Korak alias Jak, kenging kawastanan têtingalan ingkang nêmbe sumêrêp. Rahipun Jak muntap aningali têtingalan ingkang ngedap-edapi punika. Ing têngah-têngah wontên kêthèk bangkokan èstri tiga cacahipun sami nuthuki kêndhangan, salajêngipun kêthèk-kêthèk bangkokan sanès-sanèsipun sami pêncolotan ngubêngi kêndhangan wau. Dening padhanging rêmbulan, wujudipun têtingalan punika, katingal anggêgirisi. Badhe kasambêtan.

--- 161 ---

No. 41, 12 October, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

WONG PICAK KARO WONG LUMPUH.

Kowe mêsthi wis padha wêruh dongènge wong picak karo wong lumpuh. Ing buku wacan sêkolahan wong ana. Kae ta, sing dikandhakake jarene padha rukune. Sing picak dikon nggendhong sing lumpuh, sing lumpuh dikon nuduhake dalan sing picak. Banjur padha bisa ngêmis mrana-mrana, nêkani omahe wong-wong sing pantês dijaluki. Ora kaya maune: sing lumpuh mung nglosod bae, ngêntèni yèn ana wong liwat. Sing picak trutusan angon swarane uwong.

Jalaran saka rukune mau, olèh-olèhane iya banjur mundhak, mundhake akèh, cukup dipangan, malah ana turahane.

Pancèn rukun iku bêcik.

Nanging rêgêjêgan utawa padu karo kanca iku iya sok ana paedahe. Tuladhane iya wong lumpuh karo wong picak mau. Sabab dongènge wong lumpuh karo wong picak iku ora mung samono, ora mung kaya sing kok wêruhi, ana tutuge manèh. Mangkene banjure:

Sawijining dina kanca loro, wong picak karo wong lumpuh mau padha mbakar wêlut, arêp dipangan barêng. Sing mbakar Si Lumpuh, nanging Si Picak iya nunggoni. Sasuwene padha nunggoni bakaran, kêtungka ingon-ingone kucing têka. -Sanajan wong ngêmis wong iya padha duwe kasênêngan, ingu-ingu barang- Têkane kambi nggondhol bathang ula, tur ula mandi. Si Lumpuh pancèn sok nggalapngalap. mênang. Wêruh kucinge têka nggawa bathang ula, atine mêtu gagasane sing ala: Bèn, bathang ula iku dakbakare, mêngko dakwèhne Si Picak, wêlute dak pangane dhewe.

Têmênan, bathang ula banjur diilokake dibakar. Barêng wis matêng, wêlut dipangan dhewe, bathang ula diulungake kancane. Si Picak ora nglêgewa yèn sing diulungake iku bathang ula; malah bungah dene kancane ngalah, wêlut siji diwènèhake dhèwèke kabèh. Enggal-enggal dicakot... Kocapa, barêng dicakot wisane ula mêtu, klêbu ing cangkêm, rasane kêmranyas panas. Si Picak kagèt. Mamahane sing ana ing cangkême enggal diutahake, têrus dikipatake nganggo tangane têngên. Wis mêsthi bae anggone ngutahake utawa ngipatake mau kambi gowèr-gowèr, nguman-uman kancane. Sawise tangane diênggo ngipatake utah-utahan mau, banjur gênti diênggo ngusapi êluhe, sabab nalikane cangkême krasa kêmranyas, iku saking kagète, matane nganti mêtu luhe. Nanging kocapa, barêng matane diusapi nganggo tangane kang isih gupak utah-utahan,... byar, sanalika bisa mêlèk. Ayake sabab kêna ing wisa ula mau. Byaring matane, wêruh Si Lumpuh ngêthêkut ngijèni bakaran wêlut, atine saya panas. Saking ora sabare,... cêg, Si Lumpuh disikêp bangkèkane, dijunjung... banjur dibrukake ing gêni. Gênti kocapa Si Lumpuh, saking kêdah-kêdahe arêp sumingkir saka ing bêbaya, dilalah sikil sing sêlawase urip ora kêna diênggo nggulawat, nalika iku kêna dicêkangkangake, ngakahi gêni,... slamêt ora kêcêmplung ing bakaran.

Kaya apa kagète Si Picak wêruh Si Lumpuh bisa ambrêgagah. Mangkono uga kaya apa kagète Si Lumpuh wêruh kancane plorak-plorok matane. Cêkake kowe ora bisa

--- [162] ---

ngira-ira, wong padha durung nglakoni. Nanging kagète mau banjur malih dadi apa?... Dadi bungah. Yaiku barêng padha ndêlêng awake dhewe. Pungkasane loro-lorone padha marani kancane, banjur rangkul-rangkulan kambi angguguk nangis saking... bungahe.

Esuke wong loro mau padha marèni olèhe ngêmis, niyat padha ngetokake kamurahaning Allah, sabab wis padha diparingi sikil waras, mata waras.

Kuwi lo, tuladhane, yèn sok padu iku iya ana paedahe.

Bu Mar.

LÊLAKONE PAK SURA.

Nalika jamane K.G.P.A.A. Mangkunêgara kang kaping IV ing Surakarta, ana wong aran Pak Sura. Pak Sura mau duwe cacad, yaiku pincang. Anuju sawijining dina, nalika K.G.P.A.A. Mangkunêgara lagi lênggah piyambakan ana ing pandhapa, priksa Pak Sura, banjur ditimbali, didangu kaanane. Pak Sura iya ngunjukake. Barêng uwis banjur didhawuhi ngêntèni sadhela.

[Grafik]

Pak Sura mènèhake layang lan dhuwit marang Rêsa.

Ora antara suwe K.G.P.A.A. Mangkunêgara maringake layang, dhawuhe, layang mau supaya diwènèhake Dêmang Gêdhangkrang ing Gêduwang. Dene Pak Sura diparingi sangu f 1.50. Pak Sura matur sandika nuli mangkat.

Ana ing dalan Pak Sura ngrêsula, awit lakune rêkasa, mangka Gêduwang iku adoh bangêt. Kabênêran ora antara suwe kêpêthuk karo Rêsa yaiku kancane. Sawise takon-tinakon Pak Sura kandha: Rêsa yèn gêlêm dikon mènèhake layang mênyang dêmang ing Gêduwang, dene sangune bakal diwènèhi saparo. Rêsa saguh, dhuwit lan layange dijaluk, banjur mangkat.

Satêkane ing Gêduwang, layange diwènèhake mênyang pak dêmang. Sawise diwaca, pak dêmang takon karo Rêsa, apa wis ngrêti surasane layang? Rêsa mangsuli, durung. Pak Dêmang banjur kandha, yèn surasane layang mau dhawuh, supaya sing nggawa layang iku diolèhake anake wuragil, sarta yèn wis didhaupake, supaya banjur disowanake mênyang Surakarta.

Cêkake rêmbug, lêt sawatara dina manèh Rêsa banjur didhaupake karo anake Dêmang Gêdhangkrang kang wuragil. Sarampunge gawe banjur enggal-enggal sowan mênyang Mangkunêgaran. Barêng K.G.P.A.A. Mangkunêgara priksa yèn ngantène dudu Pak Sura, banjur ndangu. Rêsa ngaturake apa anane. K.G.P.A.A. Mangkunêgara duka bangêt, awit Pak Sura nglirwakake dhawuh. Nanging Rêsa malah diganjar sarta didhawuhi ngaso.

Pak Sura barêng krungu yèn Rêsa dadi mantu Dêmang Gêdhangkrang ing Gêduwang, bangêt gêtune, dene layang mênyang Gêduwang dhèk biyèn kae ora ditêrusake dhewe, mung saka wêgah kangelan sathithik.

Suhartie, Kroya.

CANGKRIMAN AWUJUD TÊMBANG.

Pucung.

I. Wontên wujud, kasap, mèk-êmèkanipun, / Jênar warnanira, / Mratah saindênging Indi, / Tuhu asri, ngrêrêngga tanah Indiya. //

II. Anèhipun, yèn ngêlih wujud puniku, / Gambira abrêgas, / Ndêngèngèk katiyup angin, / Silir-silir karya lamlaming wardaya. //

III. Nanging lamun, tuwuk wêtêngira sampun, / Tumungkul mêmêlas, / Bangêt sungkawa kaèksi, / Nanging karya sukanya sagung pra janma. //

Kusiyah, Purwokêrto.

--- [163] ---

[Lanjutan dari hlm. 164: WOHING KAWÊKÊLAN]

Gurune banjur kandha: "Wis, kono, ditêgor, alon-alon. Slamêt, slamêt."

Tundhunan gêdhang mau banjur digotong bocah papat, sawise disisiri, banjur didumake ing bocah-bocah, kawratan kabèh, padha sênêng.

Wiwit mau Kirja rumasa, lan ing batin muni dhewe mangkene: "Pancèn wong nênandur kuwi bêcik bangêt. Saya kang diawaki dhewe ngene iki. Dadi samubarang pagawean iku yèn durung dilakoni, durung kêna diarani ala bêcike."

MÊRAK (COHUNG).

Manuk mêrak iku iya jênêng cohung, nanging ana sing kandha, jare mêrak iku kang wadon, cohung kang lanang, ora beda kayadene babon karo jago.

Kandhane wong kang wis tau wêruh, mêrak iku yèn ana ngalas, yèn nyuwara ngêgèt-êgèti, unine: oo-hoo-hung, ana kang ngarani unine mau: cohung, malah uni mau, kang anjalari manuk mau jênêng cohung.

Jare yèn ana ngalas gêdhe, sabane cohung iku cêdhakan karo macan, sabên ana cohung mencok ing wit-witan, nandhakake ingisoring wit mau ana macane. Anane mangkono, satêmêne cohung iku ngarah sisaning macan. Dadi sabên ana macan mangan, sisane banjur dilorod si cohung.

Cohung iku iya sok diingu ing uwong, kanggo cul-culan kayadene pitik ngono. Tumraping bocah sok têtêmbangan, kanggo moyoki cohung mau, unine mangkene:

Cohung, ora gombak ora kuncung, / anggêpe kaya tumênggung. / Ora jogan ora longan, / anggêpe kaya pangeran.

Jare cohung iku yèn diwadani mêngkono banjur nêpsu, buntute banjur mêkrok, kaya kang kacêtha ing gambar. Dene mêkroking buntut mau diarani: ngigêl. Dene ngigêl mau, tumrape pitik diarani èrèk.

ÊNDHOG KÊBO.

Dêmang ing padunungane Johan Budiman ngundang carike, banjur kandha: "Carik, jarene Johan Budiman iku julig bangêt. Ning arêp dakcoba, arêp dakgawe guyon. Jajal bujukên supaya dhèwèke gêlêm mrene. Kandhanana yèn kêboku wadon "ngêndhog". Êndhoge gêdhe. Takkon mrene supaya ndêlok êndhog mau, lan prêlu arêp daktakoni, êndhog mau ngalamat apa lan apa kasiyate."

Carik mangkat. Satêkane ing omahe Johan Budiman, banjur ngandhakake prentahe dêmang mau.

Johan Budiman mangsuli kanthi ulat sumèh, nanging sajak nyênyamah: "Dintên mênika kula botên sagêd sowan, jalaran ayam kula Brahma sawêg "wawrat", malah samênika sawêg nyakiti, badhe manak. Kula êntosi lairipun rumiyin. Mila matur kemawon, sampun dados panggalih. Dene bab tigan punika dados ngalamat: srêngenge badhe mlêthèk saking kilèn, toya mili mênginggil. Dene kasiyatipun: yèn kacêmplungakên ing sêgantên, toyanipun dados tawa; yèn kadèkèk ing dharatan, gagak ingkang wulunipun cêmêng dados pêthak; yèn kasimpên ing griya, ingkang nyimpên dados tiyang ahli goroh."

--- 164 ---

WOHING KAWÊKÊLAN.

[Grafik]

Ana sawijining pamulangan kang murid-muride padha dikon nênandur. Ing nalika lagi wiwit, akèh bocah kang aras-arasên, saka durung kulina. Suwe-suwe barêng bocah-bocah mau wis kulina, iya banjur padha sênêng, saya barêng wêruh tandurane wiwit urip. Nanging iya ana bocah kang têtêp ora sênêng.

Ing pamulangan kono ana murid, jênênge Kirja, bocahe lêmu, anake wong rada kêcukupan. Kirja nalika diwulang nênandur, batine grunêngan mangkene: "Yèn mung nênandur bae, pêrlune sêkolah, apa, la bok ana ngomah bae wis ora kurang pagawean. Anane aku sêkolah iki rak saka kêpengin arêp dadi sêkripêr."

Gurune ing pamulangan kono ngêrti marang kêkarêpane Kirja kang kaya ngono mau, mula tansah digrètèhi, supaya dhêmên nênandur.

Kocapa barêng sawatara sasi, têtanduran ing pakarangan pamulangan kono wiwit ketok nyênêngake. Ing kono ana wit gêdhang raja kang montong, ora ndlomok gêdhening tuntute mèh sacêthing kang gêdhe. Bocah-bocah padha alok: "Tuntut samono kuwi kêna diarani ratuning tuntut, gêdhange mêsthi salêngên-lêngên."

Kirja wêruh tuntut kaya ngono mau, ing batine iya gumun, anggone nyawang nganti suwe. Ing kono gurune marani karo kandha: "Gêdhe ya, Ja."

Kirja : "Inggih, agêng sangêt."

Guru : "Ya kuwi wohing kawêkêlanmu kabèh, lan kowe ngêrtia, anane tuntute nganti samono gêdhene, kuwi rak jalaran saka bêciking pangupakarane, kopèn rabuke, kaya kang kok tindakake. Kowe dhewe bae kapriye, anggone awakmu waras, lêmu, karêp nyambutgawe, rak iya saka diupakara, ta. Coba aku kandhanana, sing diarani ngupakara awak kuwi kapriye, anu, piridna awakmu dhewe bae."

Kirja : "Inggih, kula punika ajêg anggèn kula adus, nêdha kula botên nate kapintên."

Guru : "Na, kuwi ora beda wit gêdhang iki, anggone bisa awoh kaya ngono kuwi iya jalaran kêrêp dirêsiki sapanunggalane kaya kandhaku mau. Kowe sênêng ora nonton wit gêdhang kang awoh kaya ngono."

Kirja : "Wah, rêmên sangêt, iba benjing manawi suluh."

Guru : "Wis saiki kowe tak pasrahi, besuk yèn lirangane wis êntèk, tuntute buwangên, jênênge ditajini. Besuk yèn wis tuwa brongsongên.

Kalakon, Kirja nindakake apa pakone gurune. Barêng gêdhange wis tuwa dibrongsong bago, sabên dina Kirja niliki.

Sawijining dina, nalika Kirja niliki brongsongan, gêdhange wis ana kang kuning rong ulêr. Kirja sênêng bangêt, batine : "Ah, besuk yèn wus kuning kabèh bae tak matur pak guru."

Têmênan, barêng lêt saminggu, gêdhang satundhun mau wis kuning kabèh, gêdhene salêngên-lêngên. Esuk-esuk Kirja sawise ambukak brongsongan, banjur matur marang gurune : "Punika pisangipun sampun jêne kados rêmbulan."

Ing kono guru karo bocah-bocah padha niliki, lan padha barêngan alok : "Toblas, toblas, iki gêdhang apa, nèh."Dilanjutkan pada hlm. 163.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 85, Stu Kli, 27 Ruwah Jimawal 1869, 22 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2093] ---

Ôngka 85, Stu Kli, 27 Ruwah Jimawal 1869, 22 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Warga Gêmintê Rad ing Sêmarang - Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl - Kasusastran Jawi Enggal - Marsudi Gêndhing Jawi - Ngothak-athik Ênthik - Bab Tanêman Pisang - Kabar Warni-warni - Taman Bocah

Pangungsêt

Dipun bêbingung supados botên bingung.

Tumraping tiyang ngudi babagan ngèlmi kabatosan, punika manawi dipun petani yêktos, pancèn ambingungakên.

Manawi dipun pantogakên, wosipun badhe pados katêntrêman, inggih anggènipun pados margi katêntrêman wau ingkang sarananipun warni-warni.

Wontên ingkang suka wêwarah, wong arêp têntrêm iku saranane mangkene, cêkake yèn ora mangkene, ora bakal tumêka. Kajênging pitutur mangkene wau, wontên raosipun bilih taksih pêtêng sangêt, awit trêkadhang lajêng kandhêg wontên ing kapitadosan. Saking mantêpipun, bêbasan lajêng botên purun nolèh ngalèr ngidul, tur dèrèng sumêrêp ingkang nama têntrêm punika punapa. Namung ing tekad, manawi mantêp, tamtu badhe manggih têntrêm.

Wontên malih ingkang suka wêwarah: wujuding katêntrêman iku, kaya ngene. Jalaran saking sagêd utawi jalaran saking cêthanipun anggèning damêl ancêr-ancêr, tiyang ingkang dipun cariyosi wau manahipun lajêng: plong. Plonging manah lajêng dipun sambêti ing ginêmipun piyambak: E, e, dadi katêntrêman kuwi kaya ngono. Yèn ngono wis gandhul-gandhul. Wusana sarêng sampun sumêrêp ancêr-ancêr wau, lajêng anggêgampil, cêkake yèn dudu kuwi: ora.

Mênggah kajêngipun, tumraping panggrayang, sadaya wau sami lêrêsipun, awit tiyang tanpa panganggêp, punika tamtu botên anggadhahi antêp, tuwin tiyang tanpa ancêr-ancêr inggih badhe botên anggadhahi antêp. Dados manawi dipun ulur malih, ingkang dipun udi punika pun antêp. Lajêng, antêp punika ingkang dipun antêpi sintên, ta, tamtunipun tumrap panggagap, gampil dipun wangsuli bilih ingkang dipun antêpi wau pun têntrêm.

Manawi sampun makatên, mênggahing pangudi lajêng amangsuli kêkajêngan ing ngajêng, inggih punika antêp ingkang anjog dhatêng têntrêm punika ingkang kados punapa. Wangsulanipun gampil kemawon, makatên: Sarèhning ingkang dipun udi têntrêm, inggih kêdah sinau têntrêm.

Manawi bab punika dipun manah panjang, katingalipun namung prasaja, sintêna kemawon tamtu mangrêtos dhatêng ingkang dipun wastani têntrêm, dados anggènipun mubang-mubêng punika thok-thilipun: golèk têntrêm dituku kalawan têntrêm. Nanging sampun kalintu, punika têntrêming batos.

Cêkruktruna.

--- [2094] ---

Warga Gêmintê Rad ing Sêmarang

[Grafik]

Nyonyah Sunarya.

Tumrap Sêmarang, wontênipun warga gêmintê rad tiyang siti ingkang kêpilih: 1 Nyonyah Sunarya, tuwin tuwan-tuwan: 2 Radèn Abu Bakar Wijaya Atmaja, 3 Drs. M. Herman Kartawisastra, 4 Rusman, 5 Drs. Sigit, 6 Suyadi, 7 Radèn Mas Suprapta, 8 Radèn Mas Wirasma Partaningrat.

Nyonyah Sunarya, kalairan ing Ngayogya taun 1907. Satamatipun saking Mulo gupêrmèn, nglajêngakên sinau dhatêng Taman Siswa. Taun 1925-1930 dados guru wontên ing pamulangan wau. Nate dados utusan Jong Islamieten Bond Dames Afdeeling, kapilih dados panitra kônggrès Isteri Indonesia ingkang kapisanan ing Ngayogya taun 1928, ingkang dipun pangajêngi Nyonyah Dhoktêr Sukôntha. Sarêng sampun emah-emah, manggèn ing Batawi. Kala ing taun 1930 kapilih dados pangarsa up bêstir J.I.B.D.A. Ing taun 1934 dados warga umup. bêstir J.I.D.A. Minôngka utusaning pakêmpalan wau tumut wontên ing kalangan Perikatan Perkoempoelan Isteri Indonesia minôngka pambantu. Sarêng pakêmpalan-pakêmpalan wanita kadadosakên satunggal dados Isteri Indonesia, taun 1932, Nyonyah Sunarya kapilih dados panitra. Wiwit kônggrès ing taun 1934 ngantos dumugi sapunika dipun pilih dados pangarsa up bêstiring pakêmpalan wau.

Radèn Abu Bakar Wijaya Atmaja, kalairakên ing kudus tanggal 5 Nopèmbêr 1907. Ing taun 1934-1938 dados warga gêmintê rad Sêmarang. Salêbêtipun wontên ing Sêmarang 5 taun, dados dhoktêr parti kêlir.

[Grafik]

Radèn Abu Bakar Wijaya Atmaja.

Drs. M. Herman Kartawisastra. Kalairan ing Majakêrta ing taun 1900. Satamatipun saking pamulangan Walandi malêbêt dhatêng H.B.S. 5 taun ing Surabaya. Dados Amtênar B.B. Lulus pandadaran pilihan ing Bêtawi taun 1919, tuwin saking kaparêngipun parentah kakintunakên dhatêng nagari Walandi malêbêt dhatêng Universiteit ing Leiden. Taun 1924 saking kaparênging parentah kakintunakên saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki, katêtêpakên dados mantri pulisi, asistèn wadana, wusana dados wadana pulisi ing Sêmarang. Dados pangarsaning Vereeniging voor Ambtenaren bij den Inlandschen Bestuursdienst. Dados warga rad kawula tuwin College Gedelegeerden. Pangarsa pakêmpalan Inheemsche Reclasseering Indonesia pang Sêmarang. Warga Pangrèh Anti Woeker ing Sêmarang.

[Grafik]

Drs. M. Herman Kartawisastra.

Tuwan Rusman. Kapilih dados wethouder gêmintê rad Sêmarang. Dèrèng angsal gambar tuwin katranganipun.

Drs. Sigit, dèrèng angsal gambar tuwin katranganipun.

Tuwan Suyadi. Opsihtêr S.J.S., pangarsa Radio Sêmarang. Mudha pangarsa kridha Mataya. Tuwan Suyadi punika satunggiling priyantung ingkang kajêng nyambut damêl, punapa ingkang dipun tindakakên botên dipun unduri.

[Grafik]

Tuwan Suyadi.

Radèn Mas Suprapta. Wiwit taun 1921-1930 dados warga gêminte rad Magêlang. Nalika kawontênakên pilihan Burgemeester tuwin Wethouder, kapilih dados Wethouder. Dados Radèn Mas Suprapta punika satunggiling Wethouder tiyang siti ingkang kapisanan ing Magêlang. Nalika wontên Provinciale Raad Jawi Têngah kapilih dados warga tumrap laladan Kêdhu. Katêtêpakên dados rêgènsêkap sèkrêtaris klas 1 ing Cilacap, taksih têtêp dados warga Provinciale Raad. Ing taun 1933

--- 2095 ---

kapilih malih, nanging tumrap laladan Banyumas, taun 1937 katêtêpakên dados up jaksa Sêmarang, ugi kapilih dados warga Provinciale Raad laladan Sêmarang tuwin Kêdhu. Sapunika kapilih dados warga gêmintê Sêmarang.

[Grafik]

Radèn Mas Suprapta.

[Grafik]

Radèn Mas Wirasmatartaningrat.

Radèn Mas Wirasma Partaningrat. Kala Juni 1916 dados Ind. Arts. ing C.B.Z. Surabaya. Januari 1927 kapindhah dhatêng Dhènpasar, Bali. Taun 1920-1924 kapindhah dhatêng Sragèn, ngampin-ampini pajagèn militèr kala wontên pogokan P.F.B. Januari 1924 dhatêng Surakarta, kabantokakên dhatêng G.G.A. Taun 1924 ugi kapindhah dhatêng Jêpara, ngêdêgakên griya sakit ing Jêpara. Juli 1925 tampi dhawuh saking parentah kadhawuhakên anglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi. Oktobêr 1928 wangsul dhatêng tanah ngriki, katêtêpakên manggèn ing Palembang, dados Gouv. Arts. Marêt 1931 nindakakên padamêlan Gouv. Arts ing Rêmbang, Pathi tuwin Balora. Januari 1932 dados Gewestelijk Gouv. Arts Banyumas, wontên ing ngriku sagêd manggihakên racun bungkil. Ambiyantu damêl rekadaya panyêgah kêkirangan têdha. Tampi pangalêmbana saking Residhèn Banyumas. Lajêng usul ngawontênakên ilèn-ilènan agêng saking lèpèn Kroya. Tampi dhawuh niti ing bab lampahing propagandhah kasarasan ing Ngayogya, Klathèn tuwin Kêndhal. Kaping kalihipun kadhawuhan dhatêng Ceylon nyinau babagan kasarasan ing ngriku, ngêdêgakên pakaryan babagan kasarasan ing Kabupatèn Purwakêrta, kanthi kawujudakên, tuwin sanès-sanèsipun. Juni 1935 dados Gew. Gouv. Arts. Paresidhènan Sêmarang ngrangkêp padamêlan Hoofd Plaatselijke Gezondheidsdient. Kathah padamêlan ingkang mikantuki tumrap kasarasan umum, sarêng ing gêmintê rad wontên lowongan warga, katêtêpakên dados warga.

[Iklan]

Wara-wara.

Jalaran nuju wontên pambêngan, Kajawèn ing dintên punika botên mawi waosan.

Sampun tamtu ingkang makatên punika adamêl cuwaning panggalihipun para maos. Nanging kados inggih botên, awit para maos tamtu kagungan kajêmbaran ing panggalih, aparing pangapuntên.

--- 2096 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (Dysenterie).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Dhoktêr kêkalih kasêbut nginggil wau sami nêtêpakên yèn toya sumur ing ngriku ingkang rêgêd ing pangintên wontên wisanipun dysenterie, mila Opzichter B.O.W. lajêng dipudipun. kèn supados nuntên nguras sumur wau sarana pompa.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika, minôngka tuladha, yèn toya sumur punika sanajan sumur ing dalêmipun priyantun luhur sagêd ugi rêgêd saha ngandhut wisanipun sêsakit.

Toya lèpèn sagêd rêgêd, jalaran adhakanipun lèpèn wau kangge pambucalan rêrêgêd larahan, bathang tikus, kucing, ayam, utawi sanèsipun, kangge umbah-umbah, ambêbucal lan sapanunggilanipun, dados sampun têtela ingkang kathah toya lèpèn punika pancèn rêgêd.

Beda toya saking waterleiding asli saking poking lèpèn ing rêdi utawi ing tuking toya saking têlaga, sêndhang utawi bêlik, ingkang ing ngriku toyanipun dipun bêndung lan sakubêngipun sumbêripun lèpèn utawi tuk wau dipun tembok sêmèn, blau, dipun pagêri tembok utawi ruji tosan, ing nginggilipun bêndungan dipun payoni sèng utawi barang sanèsipun ingkang kiyat lan awèt, supados toyanipun sampun kêlaraban utawi kalêbêtan rêrêgêd saking nginggil. Saking bêndungan utawi bak agêng toya wau dipun sukani bolongan utawi margi wêdalipun toya ingkang sambêt kalihan pipa tosan. Ing bolongan ngriku yèn prêlu dipun damêlakên saringan, bokbilih wontên rêrêgêd ing toya wau sampun ngantos katut ilining toya ing pipa. Pipa punika agêngipun kintên-kintên 20-25 cm utawi langkung gumantung kathah kêdhikipun toya ingkang dipun ilèkakên, salajêngipun pipa-pipa wau saya mandhap saya alit, awit dumugi ing kitha ingkang badhe nampi toya wau agêngipun 10 cm, 5 cm lan perangan pipa-pipa ingkang kalêbêtakên ing jêdhing bak ing griya kangge toya adus utawi sanèsipun agêngipun namung 2 1/2 - 3 cm.

Kajawi toya leiding punika pancèn rêsik saèstu, sabên-sabên toya wau mawi dipun priksa dening dhoktêr ahli (Bacterioloog) kawontênanipun kewan lêmbat-lêmbat, ingkang sok wontên toya ing wau, manawi pinanggih botên ambêbayani inggih botên dados punapa, ananging upami pinanggih wontên kewan lêmbat ingkang mawi wisa (baksil) sêsakit ingkang ambêbayani, nagari utawi Bestuur waterleiding sagêd enggal-enggal damêl undhang-undhang toya ingkang kangge ngombe kêdah dipun godhog rumiyin. Amila lôngka sangêt toya leiding ingkang wêdalipun saking tuk utawi tlaga ingkang dipun jagi saèstu sagêd kalêbêtan kewan lêmbat-lêmbat, saha ingkang ambêbayani wau, kajawi manawi wontên pipanipun ingkang borot kalêrês ing panggenan ingkang wontên kewanipun [ke...]

--- 2097 ---

[...wanipun] wisa sêsakit ingkang sagêd lumêbêt ing toya panggenan pipa ingkang borot punika. Nanging samôngsa wontên pipa ingkang borot makatên, punggawa ingkang jagi ukuran toya (waterleiding) têmtu lajêng sagêd sumêrêp, jalaran sanalika dipun padosi panggenanipun pipa ingkang risak utawi borot wau, yèn sampun pinanggih, sanalika ugi siti ingkang têlês dipun dhudhuk, pipanipun dipun dandosi utawi dipun santuni enggal.

Manawi botên sagêd pikantuk toya saking rêdi, awit botên wontên bêlik utawi tlaganipun, kêdah mêndhêt toya saking sumur bur, sarana damêl sumur bur rumiyin kangge waterleiding wau.

Mila ing kitha ingkang rame kathah tiyangipun ingkang pancèn mangrêtos, yèn ing ngriku dèrèng wontên waterleiding, têtiyang wau lajêng sami nyuwun dhatêng nagari, supados dipun wontênakên waterleiding, sanajan ewon rupiyah waragadipun, rèhning bab punika prêlu kangge anjagi kasarasanipun umum, satêmah dipun turuti. Punapa malih ing panggenan ingkang sampun wontên waterleiding wau têtiyangipun têmtu sami purun majêgi toya sabên wulanipun, upami racak-racak f 2.50 sagriya, tuwin sakêdhik-sakêdikipun wontên griya 3000 ingkang tiyangipun purun majêgi toya wau, pikantukipun arta sawulan sampun f 7.500.-, kangge bayar punggawa lan ragad sanès-sanèsipun sawulan-wulanipun ± f 3.500,-, rêsikipun sagêd bathi f 4000.-, yèn waragadipun damêl waterleiding punika upaminipun f 120.000.-, dados salêbêtipun 30 wulan waragad wau sampun pulih utawi wangsul.

[Iklan]

Kula sampun nate damêl lezing wontên ing kitha K. bab kasarasan ingkang gandhèng kalihan thukulipun sêsakit ingkang jalaran saking tiyang ngombe toya ingkang rêgêd ngandhut wisa sêsakit, supados têtiyang sami mangrêtos yèn toya sumur botên mêsthi rêsik, sanajan katingal bêning, nagari badhe damêl waterleiding, awit ing nagarai ngriku sabên taun kathah tiyang ingkang sami nandhang sêsakit dysenterie.

Sadèrèngipun, nagari damêl lijst idêran, prêlunipun badhe nyumêrêpi pintên cacahipun tiyang ingkang purun badhe mêndhêt toya waterleiding wau. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja Ind. Arts Sêmarang.

Wara-wara

Ing dintên punika Petruk dèrèng angêdali, amargi sawangsulipun saking kêkesahan kêraos kasok ing sayah, lajêng andadosakên sakit.

Mugi botên andadosakên cuwaning panggalih.

--- 2098 ---

Kasusastran Jawi Enggal

Sêsorahipun Tuwan Sastrasuwignya wontên ing Nirom Batawi.

Para miyarsa, kawontênan panjênêngan, kawontênan kula sadaya, punika sabên dintên ewah. Ewah-ewahan sabên dintên wau manawi jangkêp sawulan saya mindhak kathah, jangkêp sataun saya têbih. Sakawit panjênêngan botên patosa kraos, kraosipun sarêng sampun têbih kalihan suwaunipun. Cobi, kula aturi anggalih, kawontênanipun bôngsa Jawi jaman taun 1900 kalihan jaman sapunika bedanipun sampun têbih sangêt. Botên têbih-têbih, kala jaman taun 1920 kemawon kawontênaning jaman sampun sanès kalihan samangke. Ewahing kawontênan, ewahing caranipun gêsang bêbrayan, punika inggih sêsarêngan kalihan ewahing pikiran. Sami-sami lare, nanging lare wêdalan taun 1900 kalihan wêdalan 1938 punika sampun beda sangêt, beda pikiranipun, beda bêtahipun ngagêsang, beda cak-cakanipun, beda pangajêng-ajêngipun utawi panjangkanipun. Inggih makatên punika ingkang dipun wastani lampahing jaman.

Wontênipun pamulangan, sêsrawungan kalihan bôngsa sanès, linta-lintuning kabudayan kalihan bôngsa mônca, kasêmpyok ombyaking kamajêngan utawi ewah-ewahan ing saindênging donya, punika sadaya dados pandhêsêk, dados panyurung, nanging inggih dados isinipun, nadosdados. bumbunipun, inggih dados rabukipun.

Sawênèhing tiyang mastani, bilih lampahing jaman, kamajênganing bêbrayan Jawi ingkang kula alami punika awon, botên prayogi. Cariyosipun: ngilangake kabudayan lan rasa Jawa. Têmbungipun kêrèh-kêrèh, ngajak wangsul dhatêng kawontênan lami, jalaran kawontênan lami punika miturut pamanggihipun: sakeca, sae, nikmat kados kaswargan.

Ananging kosok wangsulipun, golongan ingkang sawêg babrag-babragi, sawêg nêdhêngipun ngawaki jaman enggal punika, mêsthi botên makatên pamanggihipun. Anggènipun mastani: kamajêngan punika sae-saening sae, inggih punika ingkang nama gêsang ingkang saèstu, gêsang ingkang atêgês majêng, botên mandhêg utawi botên mundur. Sok sintêna ingkang ngajak wangsul dhatêng jama kina, utawi botên ngajêngi ewahing jaman, têgêsipun ngajak mandhêg, kêladuking têmbungipun golongan ingkang ngawaki jaman enggal: tiyang ingkang ngajak mandhêg wau: dosa agêng, patutipun namung kantun dipun sêdhiyani luwangan.

Para miyarsa, kamajênganing jaman punika rosa sangêt. Sok sintêna ingkang nêdya ngalang-alangi, manawi namung tiyang satunggal kalih, agêngipun sagolongan kemawon, mêsthi botên kiyat. Dipun palangana inggih mêksa mrojol, dipun tambak inggih mêksa dhadhal. Dêstun sagêdipun namung dipun sukani margi.

Kala wau sampun kula aturakên, lare nem-neman jaman sapunika beda kalihan jaman taun 1900, beda bêtahipun tuwin cak-cakaning gêsangipun, beda pikiranipun, beda pangajêng-ajêng tuwin panjangkanipun. Makatên ugi nem-neman jaman taun [ta...]

--- 2099 ---

[...un] 1900, beda malih kalihan ingkang wêdalan taun 1850, beda malih kalihan ingkang gêsang jaman 1800, kosok wangsulipun nem-neman ingkang badhe jumêdhul wontên ing taun 2000, inggih mêsthi sanès katimbang ingkang jaman sapunika.

[Iklan]

Bêtah sarta cak-cakaning gêsang, pikiran, pangajêng-ajêng utawi panjangkanipun tiyang satunggal kalih manawi sampun dados radin, lajêng dados wataking bôngsa wontên ing salêbêtipun salah satunggaling jaman. Awit saking punika, dados jaman ingkang sami kula alami punika inggih gadhah watak, watak ingkang beda kalihan jaman ingkang sampun-sampun. Jalaran watakipun bêbrayan Jawi jaman taun 1800 inggih wontên piyambak, wataking jaman 1850, ugi sanès malih, wataking jaman 1900 ugi beda malih.

Nyumêrêpi watakipun satunggal-satunggaling jaman punika prêlu lan maedahi sangêt tumrap kula sadaya. Prêlunipun: supados kula sadaya sagêd nglimbang, sagêd nandhing-nandhing, têmahanipun sagêd utawi purun ngrêtos dhatêng watakipun jaman ingkang sami dipun idaki punika. Sasampunipun ngrêtos, lajêng agêng parimarmanipun, pintên banggi lajêng karsa urun-urun bangun jaman.

Jaman ingkang sami kula alami sadaya punika gadhah watak piyambak. Kados pundi watakipun jaman sapunika punika.

Lah inggih pitakenan punika ingkang badhe kula oncèki. Nanging kawuningana, ingkang badhe kula aturakên namung sabageyan kemawon, bageyan ingkang gêgayutan kalihan padamêlanipun Bale Pustaka sandintên-dintên,sadintên-dintên. inggih punika bab kasusastran Jawi enggal. Badhe kasambêtan.

--- 2100 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Bawa swara Sêkar Têngahan Pranasmara, laras salendro pathêt manyura.

[Notasi]

Kadhawahahên Gêndhing Brôntamadya, laras salendro pathêt manyura.

[Notasi]

Manawi sampun jangkêp 3 gongan, irama kadamêl sarèh, lajêng dipun gerongi utawi dipun sênggaki.

Pola ôngka: 2.

Gêndhing Brôntamadya, laras sêlendro pathê manyura, irama tamban.

[Notasi]

--- 2101 ---

[Notasi]

Gêndhing Pangkur, laras sêlendro pathêt manyura.

[Notasi]

Yèn badhe andhawah (minggah) sasampunipun N III (-) lajêng nuthuk wilahan.

[Notasi]

Mênggah bedanipun kalihan Gêndhing Pangkur laras sêlendro pathêt sanga, minggah satunggal wilah, dene lagu-lagunipun botên beda. Kula aturi mriksani Kajawèn ôngka 35, kaca 512-513 dumugi ôngka 38 kaca 579.

[Iklan]

Gêndhing Sinom Parijatha, laras sêlendro pathêt manyura.

Pola ôngka 1.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

--- 2102 ---

Wulang Sae

Ngothak-athik Ênthik.

[Pangkur]

Karênan uningèng wulan / kang purnama prênah madyaning langit / lêlungite wèh wulangun / ngalela sabuwana / ômba ombèr têtêba têbih kapanduk / antuk pêpajar kumênyar / kang rasa nganyar-anyari //

[Grafik]

Antuk pajar kumênyar...

sakala nala kèlingan / duk rikala kalane maksih alit / lêlangên madyaning dalu / dolanan lawan rowang / suka-suka ngabiseka sang sitêngsu / sora surak giyak-giyak / guyêng guyub angubyungi //

lanang wadon samya suka / kang wanita rêrêpèn raras ririh / uri-uri êjor ratu / ilir-ilir jamuran / ancak ale bèk kung lur kung ulur kangkung / kakênan kang ngriptèng kata / miyarsa dolanan ênthik //

ingothak-athik yèn mapan / sukur bage wèh rêsêpe kang myarsi / dariji lima winuwus / rame atêtukaran / driji manis mring jênthik asêru muwus / ênthik-ênthik patènana / kakang pênunggul mèn mati //

jênthik jawab dosa apa / kang panunggul têka dikon matèni / apa tan wêruh sadulur / gène cêdhak lan sira / driji manis nabda sêmu nguwus-uwus / bocah cilik ngrêti apa / têka dadak mung madoni //

panunggul iku wong malak / mênêng-mênêng wada ulêrên yakti / ladak lirih adol gêndhung / gumêdhe ngrasa gagah / nora ngrêti gêdhe gombong arêp umuk / ngunggul-ungguli sapadha / ngêpak ngêkul marang ari //

ayo bêcik dibut padha / dimèn mari ngêgung-êgungke dhiri / si jênthik malêngak muwus / êlo kapriye kakang / aja ngono iku rak padha sadulur / kowe kang mêmanas manah / maoni mung anggêr muni //

nora mada nora nacad / lamun kakang wasardhasar. bagus prak ati / yèn busana kaduk bêsus / widagda ngadiwarna / dina-dina tan kêndhat awêdhak pupur / wêwida gônda mrik ngambar / driji kêbak ali-ali //

driji manis muwus sugal / cilik mênthik si jênthik manas ati / patrape têtêp tan urus / ngerang-erang mring kadang / eling-eling gawene mung nyogok irung / karo ngurêk-urêk curak / nora cakrak jêjêmbêri //

jênthik nabda sêmu maras / wis ta kakang aja kêbanjur runtik / nêmoni kakang panuduh / kinèn angadilana / bênêr luput lamun mêtu kang panuduh / wong si kakang luwih tuwa / mênang lawas gone urip //

kêkalih wus samya prapta / si panuduh alon-alon mangsuli / o o jêbul mêntas udur / padu rêbutan apa / bokya uwis salah [sa...]

--- 2103 ---

[...lah] siji ngalah rampung / têka dadak kaya kêlah / ngregoni wong gawe tuding //

bênêr aku kadang tuwa / nanging wruha mung bisa tudang-tuding / dadi tukang wèh pituduh / tan bangkit ngadilana / mring prakara kang padha lagi koudur / tak tuduhi tukang nimbang / kakang jêmpol masthi wasis //

karana wus ingsun wawas / kakang jêmpol mêne têkone malih / ngancik tuwaning tumuwuh / kwasa ngowahi watak / kakon atèn brangasane dadi lumuh / lêmbah manah mring sapadha / têpa salirane dadi //

nora ngadhuh nora ngêsah / antuk sêrik sinêrang cinacêri / rinacuta tan kêpencut / mancèni kang nênacad / mung tinômpa minôngka pancing pamêcut / mrih cancut kêncênging karsa / angoncati laku juti //

samêngko dadi gêndhingan / wus kalumrah maratah sanagari / nadyan ngancik pucuk gunung / kang anom miwah tuwa / lamun nuju kalêgan sabarang laku / kawêtu têmbunge anyar / pancèn jêmpol ngene iki //

barang apik barang brêgas / winastanan jêmpol mêsthi tan lali / nyandhang mompyor rupa ayu / aloke jêmpol tênan / cah sakolah lamun kabisane punjul / kancane wani gêgarap / wadhuh jêmpol anu kuwi //

[Iklan]

nanging mungguh tumrap kakang / nora bungah dadi sêkaring lathi / nora mongkog nora munthuk / manawa wus karasa / rasa mongkog kladuke sok mungkug-mungkug / tan pae wong ingombenan / plêmbung angin nêniwasi //

samangkya papane prênah / nrima mêmpên mumpuni anèng têpi / sêpêning papan pakantuk / mêmatuh tapabrata / nastapane kapati-pati tumanduk / pinindêng madyaning driya / andayani rasa êning //

marma bêcik ayo padha / tinêkanan kinèn laju mutusi / pantêse masthi tan mrucut / wêcane kadang wrêdha / adhakane yèn dhinudhah nora nglindhuk / bangkit ngruwat gawat-gawat / sayêkti amikuwati //

driji têlu gêgancangan / rêbut dhucung lakune lumuh kari / tan dangu tandya tumanduk / unggyaning kadang wrêdha / driji jêmpol gurawalan dènnya mêthuk / ketang onênging wardaya / ri katri rinangkul gênti //

sawuse satata lênggah / wus sajarwa driji têlu talêsih / driji manis mung tumungkul / panuduh tan nyabawa / mung si jênthik lingak-linguk kaya cênguk / driji jêmpol wus tumanggap / marmane miwiti angling // Badhe kasambêtan.

Pak Kalang.

--- 2104 ---

Bab Tanêman

Bab Tanêman Pisang.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83.

Ing sarèhning pisang punika bêtahipun toya kathah, dados pananêmipun kaangkah angajêngakên jawah utawi ing môngsa jawah, prêlunipun sampun ngantos kêkirangan toya. Manawi nanêm ing môngsa katiga, ngadat asring botên dados, upami dados inggih ênggrik-ênggrikên kêra kemawon.

[Grafik]

Pakêbonan ingkang kathah tanêmanipun wit pisang.

Patraping pananêm, ing sadèrèngipun nanêm, damêla jugangan utawi luwangan rumiying ingkang panjang lan wiyaripun watawis ngalih kaki, lêbêtipun inggih ngalih kaki. luwangan wau dipun kèndêlna kemawon sawatawis dintên, tumuntên dipun dèkèki rabuk talethong utawi larahan, dipun kèndêlakên kemawon ngantos dados siti. Manawi badhe nanêm kathah, inggih kêdah damêl luwangan kathah, êlêtipun sampun kêkêrêpên, kaangkaha satunggal-satunggalipun kadamêla êlêt sacêngkal. Pandamêlipun luwangan wau kêdah wontên ing panggenan ingkang angsal soroting srêngenge kathah, sampun ngantos wontên ing panggenan ingkang ayom.

Yèn kintên-kintên lêmèn ing luwangan sampun malih dados siti, lajêng pados pisang ingkang dipun kajêngakên.

Pamilihipun anak pisang kêdah ingkang sae, liripun gêsangipun katingal subur, inggilipun watawis 1 1/2-2 metêr, ubênging wit ing perangan ngandhap kirang langkung 1 1/2-2 kaki. Sampun pisan mêndhêt anak [a...]

--- 2105 ---

[...nak] pisang ingkang kêra utawi ingkang sampun inggil sarta sêpuh, awit manawi dipun tanêm asring botên dados. Yèn anak pisang sampun dipun pêndhêt, oyodipun kêdah dipun bucali sadaya ngantos rêsik, godhongipun dipun kêthoki sapalihing papah, tumuntên dipun lêrêmakên ing panggenan ingkang ayom ngêntosi garingipun tlutuhing oyod lan ing godhong. Bilih tlutuhipun sampun garing, kenging lajêng katanêm ing luwangan, pananêmipun kêdah jêjêg, sampun ngantos dhoyong. Anggènipun ngurugi luwangan sampun ngantos kêbak-kêbak, kaangkaha satêngah kaki saking lumahing siti, sakiwa têngênipun botên kaurug. Ingkang makatên punika prêlu kangge ngadhangi toya jawah, bilih samôngsa botên wontên jawah taksih wontên toyanipun, dados sitinipun tansah têlês.

Mênggah pangupakaranipun pisang wiwit nanêm ngantos dumugining mêdal tuntutipun punika sasat botên prêlu, namung siti sakubênging wit kêdah kaipuk utawi dipun arug, ngantos sami utawi langkung inggil sawatawis tinimbang siti sakiwatêngênipun, supados witipun sampun ngantos dhoyong. Godhong ingkang sampun jênè utawi garing kêdah kabucal. Yèn pisang wau sampun môndhong utawi mêdal wohipun, bilih wêdaling wohipun sampun alit-alit sarta awon, tuntutipun kêdah kabucal, supados wohipun enggal agêng. Yèn wohipun sampun suluh, têgêsipun sampun sêpuh, pisang wau lajêng katêgor. Panêgoripun ingkang ngatos-atos, sampun ngantos ngurugi anakipun tuwin pisangipun sampun ngantos rêmuk.

Sasampunipun dipun têgor, pisang wau lajêng kaimbu, pangimbunipun ingkang limrah dipun gantung satundhunanipun pisan. Wontên ugi ingkang dipun lirangi kawadhahan ing tumbu katutupan godhong sengon, kêmlandhingan utawi godhong sanès-sanèsipun supados enggal matêng. Sawênèhing tiyang pisang wau dipun kèndêlakên kemawon supados matêng ing witipun, sarana kabuntêl ing goni utawi gombal ingkang rapêt. Nanging patrap makatên punika langkung angèl, kêkathahên padamêlan, manawi pambuntêlipun kirang rapêt, samôngsa pisangipun sampun matêng sok dipun têdha kalong, lawa utawi pêksi, punapa malih raosipun kirang eca, yèn dipun timbang kalihan pisang imbon.

Tumrapipun tiyang ingkang padamêlanipun sade pisang, pangimbunipun botên sarana dipun gantung, dipun lirangi utawi dipun kèndêlakên wontên ing wit, awit patrap makatên punika kadangon. Pramila supados pisangipun enggal matêng lajêng ngangge patrap sanès, inggih punika pisang pintên-pintên lirang kalêbêtakên luwangan katutup siti ingkang rapêt, namung wontên bolonganipun sakêdhik dipun dèkèki bumbung. Bumbung wau dipun isèni mêrang, tumuntên dipun bêsmi. Mêrang wau salêbêtipun murub dipun tepasi, supados kukusipun sagêd mlêbêt ing salêbêting luwangan. Samôngsa mêrangipun têlas, dipun isèni malih, makatên salajêngipun. Sarana patrap makatên punika, pisang ingkang dipun imbu enggal sangêt matêngipun, nanging raosipun sampun mêsthi kirang eca, jalaran matêngipun kêpêksa, malah sanajan pisang ingkang dèrèng sêpuh saèstu inggih sagêd tumut matêng.

Pisang ingkang sampun katêgor wau dêbogipun lajêng

--- [2106] ---

kabucal sadaya, anakipun dipun kèndêlakên kemawon. Manawi anakipun wau sampun cêkapan inggil lan agêngipun lajêng dipun pêncarakên malih, dipun kantunakên satunggal kemawon, supados gêsangipun sagêd subur. Nanging kathah-kathahing tiyang manawi sampun nanêm sapisan inggih dipun kèndêlakên salaminipun, ngantos pisang sadhapur dados pintên-pintên wit. Sampun mêsthi wohipun inggih botên dados, jalaran kêkirangan têdha. Môngka manawi dipun pêncarakên sampun tamtu wohipun agêng-agêng nyênêngakên. Dados manawi pananêmipun punika kanthi tlatos tabêri, sampun mêsthi angsal-angsalanipun inggih tikêl.

Rutam, Purbalingga.

Nanggulangi Sêsakit Sarana Pangudi ing Salêbêtipun Sèkêt Taun, ingkang dipun Tindakakên dening Bayer.

Caraning tiyang badhe manjangakên umur, punika mênggah ing nalar pinanggih lôngka, nanging manawi tiyang ngèngêti dhatêng kasagêdanipun para dhoktêr, sagêd anggadhahi piyandêl, bilih pangudi ingkang dhêdhasar kawruh, pancèn andayani, dados inggih nyata sagêd manjangakên umur. Awit sawarnining sêsakit, punika botên wontên ingkang botên kêndhih ing jampi, saya tumraping jampi ingkang tansah dipun udi sampurnanipun. Mila pinanggihing pangudi ingkang sampun tumindak sèkêt taun, wohipun marêmakên sangêt.

Nanging ugi wontên tiyang ingkang botên ngaosi dhatêng pangudining para dhoktêr wau, jalaran manahipun ngalunthung namung adhêdhasar pasrah, ngantos kalimput bilih tiyang punika wajib ihtiyar.

Tumrap pangudining para ahli babagan jampi, sagêd manggihakên billih jampi wau aslinipun botên sanès saking pêlikan, saking têtuwuhan tuwin saking kewan, dados nama asli ingkang salugu. Nanging mêksa kathah ingkang taksih sêmang-sêmang dhatêng dayaning jampi wau. Môngka mênggah pangudi, botên kêkirangan anggèning anggathuk-gathukakên dhatêng satunggal-satunggaling jampi wau ngantos manggihakên dayanipun ingkang sampurna. Mila tumraping pirmah Bayer anggèning tansah tumindak makatên, saha pinanggih damêl kawilujêngan yêktos, punika sampun lêrêsipun.

Caraning pangudi ingkang sakawit, ing taun 1888 amanggihakên jampi Phenacetin, wontên ing papan pangudi ing kleurstoffenfabriek Fridz. Bayer Co, salajêngipun saya dipun jêmbarakên, ngantos misuwur ing sadonya. Dados jampi-jampi Bayer ingkang pinanggih ing sapunika, sami pinanggih sarwa sampurna kanthi pangudinipun para linangkung. Jampi-jampi ingkang sampun umum, inggih punika Aspirin, Gardan, Pyramidon tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggah jampi Bayer, punika warni-warni sangêt, ingkang migunani dhatêng sawarnining sêsakit, dalah dumugi sêsakit kewan, punapadene sêsakit tanêman, ugi wontên.

Mila adêging pirmah Bayer ingkang sampun sèkêt taun, nama botên nguciwani tuwin mikantuki dhatêng sadayanipun.

Minôngka tandhaning misuwuripun, katitik wontên ing tôndha ungêl-ungêlan, Bayer mrapat, ingkang sampun amradini jagad.

--- 2107 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Nanggulangi sêsakit T.B.C. Ing Kabupatèn Bandung mêntas wontên parêpatan, ingkang dipun tindakakên ing panjênênganipun ingkang bupati piyambak. Ingriku sarana andhatêngakên guru-guru dhusun kirang langkung 400, kajawi punika ugi guru-guru Vervolgschool tuwin Standaardschool. Sêsorahipun ingriku ing bab pêrluning T.B.C. pinanggih sakalangkung mikantuki, dening sami kawigatosakên. Ingkang sêsorah Dr. R. Purwosuwarjo.

Topèng gas tumrap sanès militèr. Miturut wartos, Departement Paprangan badhe andhawuhakên damêl topèng gas cacah 20.000 iji dhatêng pabrik karèt ing Ngagel, amargi damêlan ingriku punika sarêng dipun priksa pinanggih sae. Namung pirantos sawatawis ingkang kêdah dipun damêl ing pabrik sanès ing Surabaya. Mila pangagênging pabrik ing Surabaya badhe dhatêng Bandung rêrêmbagan bab punika.

[Iklan]

Têtandhingan ulahraga I.S.I. ing Surakarta. Kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr Alg. Sportweek "Ikatan Sport Indonesia" ingkang dipun pangarsani ing M. Sutarjo, warga Raad Kawula, wiwit dipun êbên. Wanci jam 4 sontên golongan ulahraga kalih golongan ingkang sadasa mangangge abrit pêthak, dados tandhaning bandera Karaton Surakarta, sarêng tampi obor saking wêwakil dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, ingkang lumantar B.K.P.H. Suryoamijoyo, lajêng malajêng dhatêng stadion. Ingkang sagolongan cacah 7, mangangge jêne ijêm, dados tandhaning bandera Kadipatèn Mangkunagaran, sasampunipun tampi obor saking G.B.R. Ajêng Siti Nurul saking pandhapi Mangkunagaran, ugi lajêng lumajêng dhatêng stadion. Sadumugining stadion, obor wau dipun tampèkakên dhatêng Comite Mr. Widodo, salajêngipun dipun tampèkakên dhatêng sêsêpuh I.S.I. M. Sutarjo. Ingriku kawontênakên sêsorah ing bab kajênging pasêmon, obor wau dadosa tandha urub raosing daya ulahraga ing tanah ngriki. Satamating sêsorah, kamirêngan suwaraning bom, minangka pratandha bikaking Sportweek I.S.I. Sasampuning rampung panataning pambikak, lajêng dipun wiwiti ulahraga, sawêlasan Jawi Wetan tandhing kalihan sawêlasan Jawi Têngah, ingkang miwiti nêndhang B.K.P.H. Suryoamijoyo. Kawêkasanipun pinanggih 5-1 mênang Jawi Têngah. Ing dintênipun Ngahad, sawung Jawi Wetan tandhing kalihan Jawi Kilèn. kawêkasanipun pinanggih 4-2 mênang Jawi Kilèn. Dintênipun Sênèn, Jawi Kilèn tandhing kalihan Jawi Têngah, ingriku kathah sangêt ingkang migatosakên. Kawêkasanipun pinanggih 2-0, mênang Jawi Têngah. Dados Jawi Têngah ingkang dados kampiun. Kajawi punika taksih wontên ulahraga sanès-sanèsipun. Ing dintênipun malêm Ngahad kawontênakên receptie wontên ing Habiproyo. Kathah para agêng ingkang rawuh anjumênêngi. Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana tuwin K.G.P.A.A. Mangkunagara kaparêng amaringi wêwakil. Kathah sêsorah ingkang gêgayutan kalihan adêging pakêmpalan wau.

Tiyang boyongan ing Borneo. Miturut wartos saking Samarinda, wontên tiyang boyongan saking Madiun cacah 26 abrayat 86 sampun dumugi ing papan paboyongan ing Jembayan, laladan Kutei. Sadumugining papan panggenanipun lajêng sami damêl pondhok kangge palêrêban anggarap sabin. Panjênêngan Sultan Kutei kaparêng aparing pitulungan dhatêng têtiyang wau, supados tumindaking cobèn-cobèn punika sampun ngantos botên dados. Manawi kêlampahan makatên tamtu badhe dados tuntunanipun ingkang kantun.

Calon warga Raad Kawula ing Molukken. Tumrap laladan Molukken anyalonakên warga Raad Kawula Tuwan Rehatta, bestuurs-assistent klas 1 tuwin nonah Latuharhary advocaat ing Malang.

Kêbêsmèn wana malih. Sampun sawatawis dintên Pakaryan Wana ing Malang tampi tilpun, ing èrèng-èrèngipun rêdi Malang inggih punika parêdèn Arjuna sisih wetan sacêlakipun Puwosari, kêbêsmèn. Ir. Vos, opperhoutvester lajêng dhatêng ing papan ingkang kêbêsmèn wau. Para tandang-tulung sagêd nyirêp ubaling latu. Dene wana ingkang sampun kêlajêng kêbêsmi wontên 15 hektare.

Mriksa tomat ing tanah ngriki. Sampun dangu kawontênakên tindak nitipriksa kawontênanipun tomat ing tanah ngriki. Pinanggihing pamriksa, tomat ing tanah ngriki punika langkung sae tinimbang tomat wêdalan tanah ngamanca, tur rêginipun badhe langkung mirah. Mila pantês dados padagangan.

Sêsambêtaning sêpur Bêtawi-Sêmarang. Wontên wartos, wiwit benjing tanggal 2 November ngajêng punika sêpur S.C.S. sadumuginipun Cirêbon sagêd sêsambêtan kalihan S.S. sadintên kaping kalih. Sêpur saking Sêmarang ingkang kaping kalih ugi sagêd nyambêti sêpur N.I.S. saking Surabaya.

Gêgêntosanipun Dr. Offringa. Benjing ing salowongipun pangagêng Pakaryan Kasarasan, ingkang sapunika dipun tindakakên ing Dr. Offringa, ingkang kacalonakên Dr. Otten, directeur Instituut Pasteur, Dr. de Groot, zendingsarts ing Ngayogya, Dr. de Jong, zendingsarts ing Malang tuwin Dr. de Nooy, inspecteur Pakaryan Kasarasan ing Surabaya. Kajawi punika taksih wontên malih, Dr. Sitanala, pangajêng leprabestrijding. Tumrap Dr. Sitanala gêgayutan kalihan usul pitakenan saking Tuwan Thamrin, bab tiyang siti sagêd cêpêng damêl apangkat inggil.

Golongan Pakaryan Wana. Ir. Sarjono, katêtêpakên ing damêl sawatawis dangunipun nindakakên padamêlan opzichter klas 1 wontên ing algemeene technish dienst ing Pakaryan Wana. Ingajêng ugi nyambut damêl ingriku, nanging dèrèng têtêp.

Jogèd Jêpan. Miturut wartos, benjing pangundhuhing pangantèn saking Pakualaman dhatêng Hadiwijayan Surakarta, mawi paargyan jogèd Jêpan, ingkang dipun tindakakên dening bangsa Jêpan ing Surabaya. Tumraping tanah ngriki, têtingalan punika nama sawêg kêtêmbèn, tumraping para ahli bêksa tamtu sami migatosakên dhatêng jogèd wau.

Vereeniging Wiradad. Ing Surakarta wontên Vereeniging nama Wiradad, ingkang dipun adani dening ingkang bupati kitha Surakarta. Ancasing pakêmpalan wau badhe nindakakên pitulungan tumrap dhatêng têtiyang ingkang nandhang kasangsaran jalaran bêbaya alam. Adêging pakêmpalan punika angsal pawitan saking nagari f 1000.-.

Mêthuk dhatêng Mêsir. Benjing tanggal 16 December, panjênêngan Sultan Dèli kondur saking nagari Walandi. Sarêng wontên wartos punika, pramèswari sultan badhe mêthuk dhatêng Mêsir, dipun dhèrèkakên ing para agêng ing Dèli. Bidhalipun nitih kapal Marnix.

Malêbêt dados wadyabala malih. Jalaran saking kêkirangan kadêr, ing sapunika tumrap tilas onderofficier sanès bangsa Walandi ing golongan infanterie, artillerie tuwin genie ingkang mêdalipun dèrèng langkung 6 taun, janji nêtêpi punapa ingkang dados wêwatonipun kenging malêbêt malih tanpa mawang umur kanthi prajanjian sataun. Sasampunipun sataun, kenging nglajêngakên tanpa prajanjian. Panyuwunipun dhatêng Hoofd der 1e afdeeling van het Departement van Oorlog ing Bandung.

--- 2108 ---

Têtiyang boyongan saking golongan Leger des Heils. Awit saking kajêngipun Leger des Heils ing Selebes, badhe ngliyêr papan paboyongan ing Kalawara, ingkang dipun adani dening Tuwan Emmerik. Têtiyangipun ingkang nyambut damêl ingriku sami têtiyang Jawi. Dumuginipun sapunika têtiyangipun ingriku sampun wontên 300. Namung sarèhning papanipun ingriku sampun botên sagêd dipun êlar malih, kaprayogèkakên supados ngadani wontên ing pasitèn waradin ing Palolo, kaprênah ing têngah-têngahing puli Selebes. Ing bab punika taksih dados rêmbag.

[Grafik]

Misungsung loncèng agêng. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, nalika paargyan jumênêngan nata 40 taun Gemeente Bêtawi ngintunakên pisungsung loncèng agêng dhatêng nagari Walandi konjuk Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhelmina, kados ingkang kacêtha ing gambar nginggil punika.

Lijst calon warga Raad Kawula sampun katutup. Dumugining tanggal 15 jam 1 siyang, wontêning lijst pratelan namaning sawung ingkang dipun calonakên dados warga Raad Kawula sampun dipun tutup. Tumrap minggu ngajêngipun nutup ingkang saking tanah sabrang. Lajêng pilihan warga enggal.

Rapat P.B.R.I. tansah dipun êndhêg. Persatuan Buruh Rendahan Indonesia nalika parêpatan wontên Sêmarang, dipun cêgah ing P.I.D., amargi ingriku wontên warga-warganipun P.N.I. Warga-warga P.N.I. wau sasampunipun kesah, sarêng Tuwan Rusman mêdhar sabda tansah dipun cêgah salajêngipun malah kapurih kèndêl. Salajêngipun nalika Tuwan Sumadi mêdhar sabda, kapurih ingkang sarèh.

Postspaarbank. Dumuginipun wulan Augustus kêpêngkêr, arta ingkang sumimpên ing Postspaarbank wontên f 3.228.895.-, cacah samantên wau ugi kalêbêt celengan saking lare-lare sêkolah, cacah f 6385.-. Arta samantên wau ingkang dipun wangsulakên wontên f 2.475.585.-, dados indhaking arta ingkang tumitip wontên f 753.310.-. Ingkang dipun ingsêr dhatêng Rijkspostspaarbank ing nagari Walandi wontên 195 buku, artanipun wontên f 134.767.81.-. Kajawi punika nyade celengan 86, tuwin zegel kangge sêkolahan rêrêgèn f 8.962.50.

Têsmak tinrètès ing barliyan. Panjênêngan pramèswari sultan ing Perak, kaparêng mêling dhatêng firma Ezekiel & Sons ing Bêtawi, awarni têsmak êmas tinrètès ing barliyan. Wêlingipun wau ing sapunika sampun dados, barliyan ingkang kangge narètès wau wontên 49 iji.

Nyuwun wêwahing warga tiyang siti. Ing Sukabumi mêntas wontên parêpatanipun têtiyang siti manggèn ing gêdhong Pasundan, angrêmbag badhe gadhah atur dhatêng parentah, supados warganing Gemeenteraad ingkang tiyang siti dipun indhaki, apêsipun sami. Wontênipun makatên, amargi jiwanngjiwaning. tiyang ing Sukabumi punika, miturut pêpetangan ing taun 1930, tumrap tiyang siti wontên 27.183, bangsa Eropa namung 2259. Punapaa warganipun Gemeenteraad tumrap bangsa Eropa 7, sarêng tiyang siti namung wontên 3.

Wêdaling padagangan sinjang. Ingajêng sampun nate wontên wartos, bilih padagangan sinjang saking tanah ngriki badhe angsal pêkên wontên Siam. Nanging lajêng wontên wartos, kêjoran sinjang damêlan saking Jêpan. Ing salajêngipun wontên sêsulak, padagangan sinjang saking tanah ngriki badhe sagêd malêbêt dhatêng tanah Mêlayu jajahan Inggris. Tumraping dagangan lurik botên sagêd malêbêt, amargi sampun wontên tênunan piyambak, têlêngipun wontên ing Trênggano.

Ngèndêli padamêlan Woningsverbetering. Tumindaking damêl Woningsverbetering ing Cicalengka ing wêkdal punika dipun kèndêli, amargi nuju tuwuh sêsakit malaria. Tuwin malih tuwuhing sêsakit malaria ingriku punika tamtu nyarêngi mangsanipun andandosi griya. Sanadyan pinanggihipun nyata makatên, nanging nalar-nalaripun dèrèng pinanggih.

Ngintunakên wowohan dhatêng tanah Indhu. Ing Surabaya mêntas wontên tamu saking tanah Indhu Tuwan E.G. Wutrich, directeur Serui Morris Compagny, satunggiling babadan ingkang tumindak nampèni saha ngêdalakên padagangan saking Bombay. Dhatêngipun directeur ing tanah ngriki punika pêrlu niti ing bab wontênipun wowohan saking tanah ngriki ingkang kenging kangge dagangan wontên ing nagarinipun ngrika. Benjing tanggal 2 November badhe wangsul, bidhal saking Tanjungperak, ambêkta pêlêm golèk tuwin arum manis 60 pêthi. Bidhalipun saking Surabaya dhatêng Rangoon. Botên dangu badhe kakintunan malih pêlêm 100 dhatêng Calcutta. Provincie Landbouw-Voorlichtingsdienst Jawi Wetan ambudidaya sangêt murih wowohan ing tanah ngriki sagêda sumêbar dhatêng sajawining praja.

AMERIKA.

Pogokên bêrah. Golongan bêrah ing New York gadhah panêdha dhatêng ingkang suka padamêlan botên dipun sêmbadani, ingriku lajêng nuwuhakên pogokan. Joseph Ryan, pangarsaning pakêmpalan golongan bêrah palabuhan lajêng akèn dhatêng para bêrah supados ngawontênakên pogokan umum. Wontên kapal panyèrèt 2000 botên sagêd tumindak ing damêl. Para mogok badhe arekadaya kandhêging padamêlan ing palabuhan New York sadaya.

ASIA.

Prahara ing Jêpan. Miturut wartos saking Tokio, ing Kagoshima mêntas katêmpuh ing prahara, ingkang basanipun ngamanca dipun wastani taifoon. Panêmpuhing prahara wau adamêl tiwasing tiyang 46, ingkang ical 116, griya ingkang risak 157. HaifoonTaifoon. wau lampahipun nuju dhatêng Boschu.

--- 165 ---

No. 42, 22 October 1938, Taun IX

Taman Bocah

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

DONGÈNGE BU MAR NALIKA LÊLUNGAN.

Bocah-bocah, dina Slasa tanggal kaping 18 October ibumu wis têkan Bêtawi manèh, kanthi slamêt ora kurang sawiji apa. Kowe mêsthine wis padha krungu dongènge rama Petruk. Kaya kang wus dicaritakake rama Petruk. Budhalku saka Bêtawi jam 7 kurang saprapat, nganggo sêpur kilat, têkan ing sêtatsiun Gubêng kira-kira jam sêtêngah pitu. Kêponakan-kêponakan ing Surabaya akèh sing padha kêcêlik mêthuk ing Surabaya-kotta. Aku wus ora bisa ngabari manèh, sabab wêktune wis kêslêpêk. Ing Gubêng aku wong têlu dipêthuk nak sanakku kang manggon ing Pacarkeling. Sore iku aku wong têlu isih kêsêl, mula ora padha nonton Jaarmarkt, mung ngaso ana ngomah bae kambi nêpungake karo hawa ing Surabaya. Wah wis ta, cah, panase ngudubilah, lan angine gêdhene ora karuwan. Bokmanawa pancèn lagi umum angin kaya ngono kuwi. Rama Petruk kontanan kêtabrak influenza, ibu Petruk slamêt ora apa-apa, dene ibumu mung rada masukangin bae. Esuke aku wong têlu padha diêtêrake sing kagungan dalêm mênyang kêbonraja. Pancèn saka Bêtawi wis dakimpi-impi, yèn aku kalakon bisa mênyang Surabaya, kang dakprêlokake dhisik dhewe mêsthi nonton kêbonraja, amarga kêponakan-kêponakan ing Surabaya, iku sabên kirim layang Bu Mar, sing dipamèrake ora liya kajaba gêdhening kêbonraja ing Surabaya. Pancèn iya gêdhe têmênan, tikêl ora karuwan yèn katandhing karo kêbonraja ing Bêtawi. Manuke luwih akèh sarta luwih pêpak, kewan liyane mangkono uga. Panggonane rangutan (orang utan) gêdhong gêdhe kaya omah uwong, yèn ora salah malah nganggo lutung barang. Asu sêgara (zeehonden), gajah, mênjangan uga ana.

Saka kêbonraja banjur nunggang amko -mungguhe ing Bêtawi, bangsane demmo-bemmo. mubêng-mubêng ndêlok kaananing kutha. Wah saya suwe omah gêdhong ing Surabaya iku saya mundhak, kang anyar pirang-pirang, mangka sewane iya ora larang kaya ing Bêtawi. Tumrap wong omah-omah, ing Surabaya pancèn iya sênêng, marga sewan omah ora larang, priyayine rukun-rukun, lan kabutuhan buri sarwa murah; dodolan panganan sarwa enak. Beda karo ing Bêtawi. Yèn kowe anyaran ana ing Bêtawi, banjur jajan, wah mêsthi mèncêpe ta. Ananging yèn ngèlingi panasing hawa ing Surabaya, iya kurang sênêng. Ing Bêtawi wis panas, Surabaya luwih panas manèh. Mbokmanawa: sabab Bu Mar mênyang Surabaya sapisanan, banjur ana ing Pacarkeling, dadi iya rada kagèt, marga Pacarkeling kabare panase pancèn ngungkul-ungkuli.

Sorene aku padha ndêlok Jaarmarkt. Kaanan ing Jaarmarkt mèh kabèh padha karo ing Pasar Gambir ing Bêtawi, mung bedane ana tontonane kêthoprake lan wayang wong, ana padhasaran gawe rêca, pabrik blèg, lan ing jêro Jaarmarkt dianani tram, nyêdhiyani wong nonton supaya bisa mubêng rata ora susah lumaku. Restaurant-restaurant luwih akèh sarta luwih bêcik, olah-olahane iya sarwa enak.

Rèhning rama Petruk lagi ora kêpenak, jam 11 aku wis padha mulih. Esuke, kajaba rama Petruk, aku kabèh padha mênyang pasar lan toko-toko. Ing pasar barang-barang kalêbu murah, nanging ing toko-toko larang, luwih larang katimbang ing Bêtawi.

--- 166 ---

Baline saka mubêng-mubêng mau aku banjur lara, kapêksa ana ngomah bae. Mangka niyate arêp mênyang Madura lan mênyang Malang, jêbul kapêksa ana ngomah bae. Ing Surabaya aku nginêp limang bêngi, kanthi gêlaning ati, marga padha ambruk kabèh. Dinane Sênèn tanggal kaping 11 aku padha budhal mênyang Blora, njujug ing dalême bêndara patih. Lah ing kono aku lagi krasa sênêng, saras kabèh, tur nyandhing dhoktêr, dadi bisa nambani laraku. Niyate ana ing Blora mung arêp sawêngi, nanging sarèhne lagi digarap dhoktêr, kapêksa têlung bêngi, ngêntèni sarase babarpisan. Ana ing Blora sênêng, akèh bocah. Ing kêpatihan wae ana lima, mangka lucu-lucu lan andêmênakake. Yèn esuk padha ngajak badminton. Sasuwene aku padha ana ing kêpatihan, yèn sore akèh tamu, nêdya nêmoni rama Petruk. Mêsthi bae anggone lênggahan iya sok disambi bridge barang.

Bu Mar.

WONG JIRIH KANG KUMALUNGKUNG.

Dhèk jaman biyèn ana wong nonoman aran Si Achmad, bangêt jirihe, nanging ambêge kumalungkung.

Anuju sawiji dina wayah sore, dhèwèke mulih saka kutha, lakune gêgancangan kang marga jirihe, daya-daya têkan ing omah. Kêbênêran ana wong nunggang jaran, uga bangêt jirihe, liwat ing kono, banjur bêbarêngan lumaku. Ing sadalan-dalan padha ngumukake kêkêndêlane sarta arêrasan bab anane wong kang diukum gantung mau awan.

Barêng lakune cêdhak lan pagantungan, sakarone wêruh wong kang digantung isih geyong-geyong. Si Achmad calathu:

He, bodho têmên kowe kuwi, kok gêlêm têmên digantung ing wong, bok gêlis mudhuna, ayo bêbarêngan karo aku. Ing sanalika iku ana angin gumrubug, wong kang digantung katon mayug-mayug, kayadene arêp mudhun, sarta krungu swarane wong mangkene: "He, kisanak, mêngko dhisik, êntènana sadhela." Sakarone bangêt wêdine, githoke mêngkorog, awake anyêp njêjêt kaya ès, jaran kang ditunggangi kagèt, lumayu ambandhang. Saka gugupe, olèhe nggujêngi kêndhali kurang kukuh, dhèwèke tiba, sirahe kabêntus ing wit asêm, kang ana ing sapinggire dalan, ndadèkake tiwase.

Si Achmad uga mlayu sarosane. Gumrubuge angin muwuhi saya wêdine, sarta pangrasane tansah krungu wong undang-undang mangkene: "He, kisanak, êntènana." Giris mirise atine Si Achmad ora kira-kira, mlayu sipat kuping, suwe-suwe pêdhot napase, ambruk, banjur mati.

Dongèng iki awèh wêwulang, yèn wong jirih iku wêdi wêwayangane dhewe, lan ambêg kumalungkung marakake kabilaèn.

Suharya, Kêpanjèn.

[Grafik]

Dolanan bocah iku warna-warna, nanging luwih bêcik bocah iku dolanan sing bakal maedahi ing buri kèri, kaya ta gambare bocah-bocah ing dhuwur iki, iku anake bangsa Eropah kang lagi dolanan gêgawean omah. Wis mêsthi bae ing besuke bocah-bocah mau bakal pintêr gêgawean.

ING KÊTHOPRAKAN.

Buta : "Aku Kala Drubêksa."

Buta : "Aku Kala Blêdaksa."

Dhagêlan : "Aku ya kala, aku."

Buta : "Kala apa?"

Dhagêlan : "Kala mangga."

Morrod Moddod.

--- 167 ---

DIGDAYA DHEWE.

Ana asu ajag kêtêmu karo kêthèk mitrane.

Asu ajag takon : "Thèk, thèk, sangalam donya iki sing digdaya dhewe sapa?"

Kêthèk mangsuli : "Manungsa."

Asu ajag calathu karo mancêrêng : "Ah, ora, sing digdaya dhewe aku."

Kêthèk mangsuli : "Nèk kowe ora ngandêl, ayo padha nggolèki manungsa. Ayonana."

Mitra loro mau banjur padha mênyang padesan, lèrèn ing pinggir dalan. Ora suwe ana bocah sakolah liwat. Asu ajag takon : "Apa kae manungsa ?"

Kêthèk mangsuli : "Dudu, kae bakal manungsa."

Lêt saprapat jam ana kaki-kaki têkênan, liwat ing kono. Lakune rindhik bangêt. Asu ajag takon : "Apa kae manungsa?"

Kêthèk mangsuli : "Iku manungsa sing wis luwas."

Ora antara suwe, ana saradhadhu liwat, nggawa bêdhil. Asu takon : "Iki ayake sing aran manungsa?"

Kêthèk mangsuli : "Iya wis gage cakotên."

Asu ajag trangginas nyandêr. Saradhadhu kagèt, endha, karo ngincêrake bêdhile. Asu ajag dibêdhil sikile têngên, putung. Banjur mlayu pêpincangan, kandha marang kêthèk : "Pancèn bênêr kowe thèk, sing digdaya dhewe iku manungsa. Iki lo, sikilku tugêl. Adhuh, larane."

Sudarsini c/o Ki Darma Prawira, Kêpanjèn, Malang.

DARMAWISATA.

[Grafik]

Tumrape bocah padha darmawisata iku bêcik wohe bakal muwuhi kawarasan lan sêsurupan. Ing dhuwur iki gambare bocah-bocah kang diajak darmawisata mênyang pasaranepasareane. R.A. Kartini ing Rêmbang, yaiku sawijining wanita kang miwiti nênuntun padha sêkolah, bisaa duwe kawêruh kayadene bocah-bocah lanang.

DONGÈNG PULISI PINTÊR.

Nuju sawiji dina ana wong mlaku-mlaku. Barêng arêp mulih, wis kurang 3 km saka ing omahe, wong mau krasa kêsêl, nuli nganyang dhokar, calathune :Têng nggèn sing ketok nika pintên nggih?"

Wangsulane kusir dhokar : "Nggih diparingi sing akèh mawon."

Sing nganyang enggal-enggal nunggang. Barêng têkan ing omahe, enggal mudhun, karo ngulungi dhuwit f 0.10. Nanging kusir êmoh nampani.

Sing nunggang : "Wong mung ngrika-ngriki dibayar sêkêthip kok botên purun."

Kusir dhokar : "Wong kula wau rak matur, nêdha diparingi sing kathah."

Sing nunggang : "Nggih, pun kula imbuhi limang sèn, dadi f 0.15."

Kusir dhokar : "Botên, kula nyuwun bayaran sing akèh kok."

Sing nunggang dhokar sarèhne wong lumuhan, olèhe mbayar pijêr diwuwuhi bae, nganti dadi satêngah rupiyah, nanging kusir mêksa êmoh nampani. Ora suwe ana pulisi têka nyêdhak, takon. Wong mau ngandhakake apa anane. Si kusir uga kandha njaluk bayaran sing akèh. Barêng pulisi ngêrti nyang karêpe kusir arêp nakal. Banjur ngêtokake dhuwit, dhisike nyêkêl benggol karo calathu : "Iki pira?"

Wangsulane kusir : "Sêbenggol."

Pulisi nyêkêl kêlip karo takon manèh : "Iki pira?"

Kusir mangsuli : "Gangsal sèn."

Sawise mangkono pulisi banjur takon : "Êndi sing akèh, sêbenggol apa sêkêlip?"

Kusir kapêksa mangsuli : "Sêkêlip."

Pulisi : "La, saiki aku sing ngrampungi, kusir njaluk sing akèh, mangka wus ngarani dhewe yèn sing akèh sêkêlip. -Pun, dèn, panjênêngan bayar gangsal sèn."

Sing nunggang bungah, enggal-enggal nyèlèhake kêlipan siji, disèlèh ngarêpe kusir. Kusir kapêksa nampani kambi gêla atine.

S. Siti Sutarti, Muda Utama.

--- 168 ---

RANGU-RANGU PELOG BARANG.

Nganggoa saron.

Jaman Radio.

[Notasi]

a) Ngu-rangu ibu, mirêngna suwaraku, / ngu-rangu ibu, mirêngna suwaraku, / widodo datan kadulu, / klêpêran nèng langit biru, / klêpêran nèng langit biru, / nging widodo wêruh ibu, / lah kae ngèncêpi aku. //

b) E a e lonthong, lonthonge lonthong kêtan / e a e lonthong, lonthonge lonthong kêtan, / bocah-bocah hyoo dolanan, / lanang wadon kanthèn tangan, / lanang wadon kanthèn tangan, / dodongengan têtêmbangan / ing radio Katimuran. //

LÊLUCON

1.

Dar : "Kowe apa tau mangan gorengan tempe?"

Ni : "Tau bae. Apa kowe ora tau?"

Dar : "Ora, yèn gorengan tempe. Yèn tempe gorengan tau."

Ni : "Oo."

2.

Wontên ing sêpur ingkang èstri takèn : "Iki wis têkan êndi?"

Ingkang jalêr sawêg maos sêrat; mangsuli : "Lagi têkan kaca 154."

3.

Sumarna : "Bu, aku nyuwun ngampil dhuwite saringgit bae?"

Ibu : "Kanggo apa?"

Sumarna : "Biyèn simbah ngandika, yèn aku bisa nyèlèngi saringgit, arêp diwuwuhi saringgit manèh."

Sudarsini c/o Ki Darma Prawira, Kêpanjèn, Malang.

NDHÈRÈKAKE IBU.

Kêrêp bae padha ndhèrèkake ibu, êmbuh mênyang pasar malêm, êmbuh mênyang êndi. Manawa ndhèrèkake, dadi dudu kowe sing diêtêrake lo, yèn lumaku ing ratan sisih kiwa upamane, kowe dumununga ing têngêne rada mburi sathithik, pêrlune manawa ana apa-apa nêkani saka mburi kowe sing sumurup dhisik, dene ing sisih têngêne, awit ing sisih kono panggonan kang muwatiri, jalaran kowe rak manggon luwih nêngahi dalan ta, tinimbang sing kok dhèrèkake. Dadi manawa nuju lumaku bêbarêngan mitra akèh, apa manèh yèn mitra putri, miliha ênggon sing muwatiri ing dhuwur dhewe, kowe luwih prakosa, luwih trêngginas ta.

Ana sing kandha, manawa têkan ing panggonan kang uwonge uyêl-uyêlan, kudu manggon ing saburine sing didhèrèkake, dadi bisa ngawat-awati. Nanging saka pamikirku yèn kaya ngono sêsake uwong-uwong mau tumiba mênyang sing didhèrèkake. Balik yèn kowe manggon ana ngarêp, tanganmu kiwa nggocèki sing kok dhèrèkake amrih aja kasingsal, tangan têngên kanggo jaga-jaga yèn ana pakewuh, rak luwih prayoga ta.

Sing kabubuhan mbukak lawang uga sing ndhèrèkake. Upama wis antara cêdhak lawang, banjur age ndhisikana laku, pêrlu mbukakake, lawange têrus cêkêlana nganti sing kok dhèrèkake liwat. Sawise lawange kok tutup manèh, banjur lumakua kaya maune.

Yèn arêp nunggang taxi, sing kabagean mbukakake lawange ya kowe, ibumu bèn lungguh dhisik, banjur kowe, karo nginêb lawang.

Mêngko yèn mudhun, kowe mudhuna dhisik karo mêngakake lawange kanggo ibu, lan tanganmu ulungna kanggo gocekan ibumu mudhun saka taxi mau.

Samangsa nunggang dhokar, aja pisan-pisan kowe sing munggah dhisik. Sajrone ibu munggah ing dhokar, dhokare cêkêlana murih aja maju utawa mundur.

Mêngko yèn mudhun uga kowe sing mudhun dhisik têrus nyêkêli dhokare. La yèn nyabrang ratan, aja ninggal bae, dumèh rikat playumu. Aja lali ngawasake tali sêpatune sing kok dhèrèkake, manawa mrucut iku ya bagehanmu nalèkake. Iki yèn lumaku barêng karo mitra lanang ora pêrlu kowe sing nalèkake, karêbèn ditalèni dhewe, sawise kok elingake.

Cêkake sing rumêksa lan ngati-ati, amrih slamêt lan kêpenake sing didhèrèkake.

G. Gambini.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 86, Rê Wa, 2 Pasa Jimawal 1869, 26 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2109] ---

Ôngka 86, Rê Wa, 2 Pasa Jimawal 1869, 26 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Prancis, Kasusastran Jawi Enggal, Ngothak-athik Ênthik, Kêthoprak Darmakôndha, Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl, Kawontênan Sajawining Praja, Kabar Warni-warni, Jagading Wanita.

Prancis

[Grafik]

Sêsawangan griya ing tanah parêdèn ing Tarn saurutipun sêmpalaning lèpèn Garonne, nagari Prancis.

--- 2110 ---

Kasusastran Jawi Enggal

Sêsorahipun Tuwan Sastrasuwignya wontên ing Nirom Batawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Punapa kasusastran Jawi enggal punika sampun kenging kangge anjajagi watakipun jaman enggal punika. Kenging. Awit kasusastran punika inggih wohipun jaman, tumètèsing pikiranipun tiyang ingkang gêsang wontên ing jaman samangke. Dados soalipun lajêng kula santuni têtêmbunganipun: kadospundi watakipun kasusastran Jawi enggal punika.

Bokmanawi wontên salah satunggalipun priyantun ingkang lajêng pitakèn: lo, kasusastran anyar, apa ana kasusastran anyar. Aku krungu têtêmbungan, unine. R. Ng. Rônggawarsita iku pujôngga luhur sing pungkasan dhewe, têgêse: sabanjure bakal ora ana pujôngga manèh, dadi iya ora ana sing jênêng kasusastran anyar.

Para miyarsa, têtêmbungan punika prayogi dipun icali kemawon, sabab sampun botên cocog kalihan kawontênanipun ingkang saèstu. Nyatanipun kasusastran Jawi enggal punika wontên. Pujôngga atêgês: tiyang miguna dhatêng basa, tiyang ingkang sagêd ngolah basa, ahli dhatêng têmbung. Nyatanipun ing jaman samangke para ahli makatên wau botên sakêdhik cacahipun. Kula sadaya inggih sumêrêp, bilih wontêning têtêmbungan: ora ana pujôngga manèh wau, jalaran saking ngumpuk-umpuking raos nêdya ngluhurakên kapujanggan kina, ananging anggènipun angluhurakên wau botên mawi ningali kasusastran ing jaman sapunika, utawi inggih pancèn botên nêdya anjajagi. Tumrapipun tiyang ingkang sampun ngrêtos inggih botên dados punapa, namung tumrapipun tiyang ingkang botên sumêrêp kênthang kimpulipun, mirêng têtêmbungan: ora ana pujôngga manèh wau, sagêd ugi dipun tampi sawantahipun, têmahan nalaripun botên mulur, manawi maos utawi sumêrêp buku utawi karanganipun tiyang jaman samangke, ing sadèrèngipun sampun ngiyas rumiyin, jalaran manahipun sampun kisenan têtêmbungan wau.

Kasusastran Jawi enggal punika wontên. Pujôngga utawi tiyang sagêd ngolah têmbung inggih wontên. Tur dêdamêlanipun inggih dèrèng têmtu kawon kalihan yêyasanipun pujôngga jaman kina.

Anggèn kula sagêd matur makatên punika, mêsthinipun inggih wontên buktinipun. Mênggah ingkang kula angge bukti utawi tuladha punika, inggih Sêrat Sri Kumênyar.

Sêrat Sri Kumênyar punika wêdalan Balepustaka, sawêg mêdal ing salêbêtipun minggu punika, dados taksih angêt kêbul-kêbul, ingkang ngarang Tuwan L.K. Jayasukarsa, guru ing Klampok, Banjarnêgara.

Mênggah isinipun Sêrat Sri Kumênyar wau makatên:

Nalika taun 1918 bawah Wanasaba katrajang ing lindhu ingkang anggêgirisi. Kathah dhusun ingkang risak utawi sirna babarpisan. Cacahipun tiyang ingkang pêjah ngantos botên kantênan. Lurah dhusun ing Talunômba dalah semahipun ugi katut pêjah. [pê...]

--- 2111 ---

[...jah.] Namung anakipun kêkalih Parman kalihan Parmi, sagêd kapitulungan. Nanging lare kalih pisah têbih sangêt. Parman dipun pèk anak satunggaling mantri guru, dipun santuni namanipun Sumarsana. Parmi dipun pèk anak sêrsan, nanging salajêngipun dipun kukup schatter pandhuis, sanakipun sêrsan wau. Namanipun dipun santuni Sri Kumênyar. Lare kalih wau angsal pamardi ingkang sae, sami dipun sêkolahakên, sarta sami pintêr-pintêr.

Nalika kalih-kalihipun sami taksih sêkolah, kêrêp kêpêthuk. Gathukipun botên sapisan kemawon, nanging rambah-rambah. Rèhning sampun sami ngancik mangsanipun birai, mila kalih-kalihipun sami kêtuwuhan trêsna, ananging babarpisan botên nyana, yèn yêktosipun taksih sadhèrèk piyambak tunggil bapa biyung. Sarêng Sumarsana sampun mêdal saking pamulangan Osvia, sarta sampun cêpêng damêl ingkang murwat, lajêng nglamar dhatêng Sri Kumênyar. Rèhning lare sampun sami rêmênipun, môngka inggih katingal sami babagipun, dados panglamaripun Sumarsana dening bapakipun angkat lare èstri wau dipun tampi kanthi sukaning manah. Dintên ijabipun sampun katêmtokakên, ing griyanipun pêngantèn èstri sampun tata-tata. Kabêkta anak namung satunggal, sanajan anak pèk-pèkan, angkahipun schatter pandhuis wau anggènipun gadhah damêl dipun rowakakên. Ananging dumadakan kirang sadintên kalihan têmpuking damêl, sarêng sami ngalurakên asal-usul, kawiyak babaring lêlampahan. Jêbulipun Sri Kumênyar adhinipun Sumarsana piyambak, tunggil bapa biyung, inggih Parmi kalihan Parman. Sampun mêsthi kemawon anggènipun badhe jêjodhoan wurung. Ing salêbêting manah ngraos gêla, nanging kosokwangsulipun inggih lajêng bingah, dene pinanggih sadhèrèk ingkang dipun kintên sampun pêjah. Karamean mêksa dipun lajêngakên. Sumarsana nêrangakên dhatêng para tamu lêlampahanipun piyambak tuwin lêlampahanipun adhinipun, sarta ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sampun sami mupu tuwin ngagêngakên piyambakipun tuwin adhinipun wau.

[Iklan]

Cariyosipun botên patos panjang, nanging botên kirang saking narik manah, amargi saking isi gêgambaranipun lêlampahan kasangsaran. Badhe kasambêtan.

--- 2112 ---

Wulang Sae

Ngothak-athik Ênthik.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

[Pangkur]

O lah dalah ora gênah / isih cilik wani ngucik mucuki / kalingane durung umur / êmare tan sinamar / nora idhêp pêpinta pindhaning pandum / ngidak-idak kadang tuwa / dinakwa ngungkul-ungkuli //

wêruha hèh manis sira / kang panunggul kadang wrêdha sayêkti / wus pasthi tinitah luhur / wingit gawat kaliwat / angungkuli maring para jamhur-jamhur / dhasar winongwong ing dewa / wilalate nglêluwihi //

nadyan silih pra jawata / pamêngkune yêktine sêmu mundhi / kadibyane tanpa petung / manthêng èsthining cipta / nadyan mênêng nanging uning kabèh dunung / jaba jêro wus manunggal / tan samar pamoring Gusti //

ênêng-êninging kaanan / kauningan ing kana-kene kêni / wikan wêwêngkoning idhup / kinèdhêp ing sapadha / wus trawaca wêcane umencok mucuk / kinacèk sasamèng gêsang / tinuwa pinundhi-pundhi //

nora layak lamun sira / sêmu mèri nyênyêri kadang jati / sayêkti antuk sêsiku / siniksa tanpa wêkas / pitungkase para tuwa wus atutur / sing sapa wani wong tuwa / tiwas sajatining urip //

mungguh karêpmu kalakyan / wus pinunggêl kakang panunggul lalis / tan wurung ngrasa gêgêtun / kelangan kadang tuwa / kang tan dosa siniksa praptaning lampus / tiwas dadi ucap ala / sira maksih ajêg alit //

karêpmu mung golèk lêga / kalêgana lugune kang punagi / nanging gênah nora keguh / gunging arda angkara / nadyan tansah tinumpêsa tanpa têpus / ingampêt tan bangkit ngampah / malah sêlur banyu mili //

layak wataking angkara / tansah mungkar nadyan kinêkêr rêmit / yèn kumat nalane limut / mêmêt pangrantamira / lamun ngudal andêdêl kadya binandul / kêndêl nindaki dursila / nora ulap laku silip //

wong kang mèri marang liyan / nora wirang ingaran tyase miring / larasane nora wêruh / mring warna-warnèng kodrat / kang gumêlar binabar ngèbêki dunung / kang kêbak têpa tuladha / mrih tinulad sanggyèng urip //

lêlintang abyor nèng tawang / mawa cahya dumilah anêlahi / agung alit wus pinatut / pinetak-petak prênah / parandene rinasa tan ana masgul / nora melik muluk ngalap / mung lumaku mêngku wajib //

gêbyar-gêbyar lintang johar / jaka bèlèk malerah mêrêm mêlik / lintang luku drêma mlaku / gubug pèncèng pincangan / lintang bruwang amawang ngulati buruk / bomasêkti nitih kuda / si walanjar ngirim-irim //

pra samya nêtêpi karya / nora darbe rumôngsa êsak-sêrik / dina-dina runtung-runtung / talatèn andum karya / gêndhon rukon rarase têtêp tumanduk / nindaki ing sabên môngsa / lumaksana nut ing wanci //

taru turut lir tinata / ana tuwuh nèng jroning jurang miring / ana kang nèng lambung gunung / nèng lêbak lêlêdhokan / wênèh subur agung luhur mawa sulur / rêrungkut ngrèndhèt rumambat / lumut lêmês mulas bumi //

yèn sinêmu mung sumarah / nora ngarah linurah sasamèng wit / si waringin tan kumlungkung

--- 2113 ---

nyênyingkang kêmarogan / nadyan glugu kang salugu agung luhur / nora sumbar marang simbar / kang rasa ngêmbar-êmbari //

si gajah tandange lêlah / kêthèk lutung parigêl cukat trampil / si kidang kêbat lumayu / ula nglêkêr tloleran / ibêr-ibêr klêpêr-klêpêr anglêlipur / kodhok kongkang ambêbarang / glathik êmprit luru pari //

têtela tanduke samya / wus winijang mêruhi marang wajib / ajêg jêjêg wruh ing pandum / tan ngrasa ingungkulan / amung tansah sumanggêm sêngsêm sumurup / larape tan galak mênang / mung dumunung uning wajib //

sajak jênak ngajak-ajak / ngrasa enak manoni srining bumi / pangrarase mring tumuwuh / rumojong marang jagad / jinaganan ajêg anjinge mrih bakuh / pêjah gêsang mung sumôngga / sumarah sakarsèng Gusti //

marmane riningsun samya / aywa kongsi kapasuk sukèng kapti / karana lamun kêlimput / kêpikat maring hawa / nora wurung angganta yêkti kêglundhung / gêlimpang mring jurang sarang / sinirik sasamèng urip //

jasadmu têmah sangsara / nora urup angga rinasuk urip / sasat bangke bangkit mlaku / satindak-tanduk tansah / gung ginusah dinalih nênêbar ambu / jêjêmbêri jagad raya / ngêbot-bot ibu pratiwi //

mungguh adining kagunan / lamun bangkit uning ninging rohani / nênuci rasèng pangracut / ngoncati murkangkara / kang datansah gêgasah mung gawe rusuh / ngrêrusak murtining watak / ngrujuki mring roh khewani //

titining ponang wasita / wus tinômpa têtêlu katon lilih / sumèlèh mangolah kalbu / narbuka rèh raharja / wus sumisih napsu hawa lir winasuh / sêngsêm tyase driji lima / manunggal rasane jati //

Pak Kalang.

[Iklan]

--- 2114 ---

Kêthoprak Darmakôndha

Redhaksi Kajawèn dipun ulêmi kêthoprak Darmakôndha ingkang nuju mitongtonakên wontên ing gêdhong Unie Theater ing Mèstêr Kornèlês. Kala punika lampahanipun jumênêng nata ingkang Sinuhun Pakubuwana I wontên ing Sêmarang.

[Grafik]

M.A. Cabuk.

Mênggahing bab kêthoprak, kados tumraping para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun. Wosipun amujudakên lêlampahan wontên ing papan têtingalan, ingkang mêthik saking sêrat-sêrat babad tuwin sanès-sanèsipun. Namung tumraping kêthoprak Darmakôndha punika, mawi mara-marakakên: kêthoprak èstri, ingkang akajêng punggawanipun kathah ingkang èstri.

Manawi mirid kalimrahan, golonganing têtingalan kados makatên punika, sagêdipun narik dhatêng para ingkang mriksani, pancèn wontên ing kathahing èstrinipun. Dene sêngsêmipun adhakan pinanggih wontên ing warni, swara tuwin gêsanging solahipun wontên ing lêlampahan. Anggoyat-gayutipun tigang bab wau, sagêd nuwuhakên pangraosipun ingkang sami mriksani piyambak-piyambak, wontên ingkang kêpasuk dhatêng warni, wontên ingkaingkang. dhatêng swara, tuwin dhatêng gêsanging lêlampahan, kalêbêt banyolan. Mila ing ngriku botên sagêd anyamèkakên dhatêng raosipun ingkang sami mriksani.

Gêgambaraning kêlir katingal nêngsêmakên tuwin cocog kalihan pamêthanipun, kados ta manawi nuju wontên ngalun-alun, katingal kados manggèn wontên ing papan ingkang ngoblag-oblag yêktos.

Ing bab lêlampahanipun, botên prêlu kaandharakên ing ngriki, awit sampun nama limrah, namung wontên ingkang prêlu kaandharakên sakêdhik ing bab lêlampahanipun Bok Mêrtayuda, anggènipun kênganglangan pangeran adipati anom, awit ing ngriku ingkang pinanggih gêsang, saha katingal ingkang dados bakuning lêlampahan.

Kacariyos Radèn Mêrtayuda dados carik, badhe sowan dhatêng kabupatèn (ingkang kala punika sinêbut karaton) prêlu ngêdêgi damêl anggènipun ing kabupatèn wontên pahargyan jumênêngan nata. Ing ngriku dèn carik mêling, supados ingkang èstri wontêna ing griya kemawon, sampun kesah-kesah, agêngipun ningali dhatêng karaton. Kathah-kathah anggèning rêmbagan, wosipun ingkang jalêr mambêng, ingkang èstri kapengin ningali. Nanging wantuning èstri (kala jaman samantên) namung mituhu. Kalampahan dèn carik bidhal.

Ing ngriku sampun katingal gêgambaranipun, bilih dèn carik sujana dhatêng ingkang èstri, awit ingkang

--- 2115 ---

èstri punika taksih anèm, ayu, dados tumraping pamanahanipun tiyang ing kala jaman samantên, inggih sampun golongan lêbêt.

Bokmanawi sampun limrah, watêking pamambêng, adhakan pinanggih malah ngosokwangsul, kêlampahan Bok Mêrtayuda ningali kanthi sêsiliban, sagêd ningali dhatêng karaton, saha sagêd sumêrêp anggèning bêksa pangeran adipati (wontênipun ing kêthoprakan ingkang dados pangeran adipati, èstri, anjogèd jalêr, gêndhingipun wèsminsêtêr, katingal anglanangi yêktos). Ing ngriku Bok Mêrtayuda kêsabêt ing wèsminsêtêr, dados damêl. Lidok ujare Si Dhaplok. Saha kêlampahan Bok Mêrtayuda têpang kalihan sang pangeran.

Ing ngriku lajêng katingal gêgambaraning kasusilan kala jaman samantên, bilih sawarnining kasujanan punika wigatosipun kangge ngalang-alangi dhatênging bêbaya. Tumrap ingkang wajib tansah kêncêng anggèning mêpêk kêndhali. Manawi cara kinanipun, lêlampahanipun Bok Mêrtayuda punika dipun wastani kenging sambang pasrawungan.

Lêlampahan ingkang kados makatên punika upami caraa rasukan samamunsampun. sanès bêdhahanipun, têgêsipun sampun botên anjaman, manawi dipun wawas wontên ing jaman sapunika, lajêng katingal bilih wanita kala jaman samantên punika mung sarwa kêsingsêt wontên ing panguwaosipun ingkang nguwaosi, mila tumraping wanita namung sarwa rupak ing wawasan, botên gadhah ombèr tuwin botên gadhah kêkêncêngan ingkang tuwuh saking manahipun piyambak, sisipsêmbiripun anggèning ajrih dhatêng bêbaya wau malah ambêbayani.

[Iklan]

Gêgambaran ingkang pinanggih ing lêlampahan wau, tumraping panglimbang sampun namung kagalih awonipun lêlampahan kala jaman samantên, ugi kenging kangge wawasan saha dipun pêndhêta sarinipun, têgêsipun lajêng sagêd milahakên awon saenipun. Mila tumrap ingkang ngawaki dados kêthoprak manawi anggèning mêtha lêlampahan wau kalêrêsan, gêsanging raos sagêd tumanêm yêktos dhatêng ingkang sami mriksani, dados kêdah ngatos-atos sampun ngantos narajang dhatêng kasusilaning patrap tuwin basa.

Bab badhudipun, ingkang limrahipun dipun wastani dhagêlan cara sêmbrananing têmbung nindakakên kalêbêt jêmpol. Awit luconipun sampun pinanggih wontên ing dhasar.

Kêthoprak Darmakôndha punika mamimawi. larasan

--- [2116] ---

wontênipun ing sêrat sêbaran, mawi dipun pratelakakên namanipun ingkang sami dados, kados ta ing dalu wau ingkang dados Bok Mêrtayuda Mas Jêng Sumarni, ingkang dados Pangeran Pugêr Tuwan Sastrasudarna, ingkang dados Sunan Mangkurat Tuwan Darmawiyata, tuwin sanès-sanèsipun. Punika sagêd ngindhakakên karêngganipun ingkang mriksani.

Upaminipun kala punika ingkang dados pangeran adipati namanipun Mas Jêng Cabuk. Tamtunipun manawi tiyang nyumêrêpi gêsanging tandangipun, lajêng sagêd mastani sanadyan cabuk caranipun Sala, inggih cabuk Jagalan.

Paruman Agung

Kawartosakên, ing sawatawis dintên kêpêngkêr Gupêrnur Groote Oost Tuwan Haze Winkelman rawuh dhatêng Bali prêlu nêtêpakên paruman agung ing Singaraja, sarana kawontênakên upacara.

Ingkang dipun wastani paruman agung punika Zelfbestuur cacahipun 8, tuwin parampara (adviseur) ingkang kêpilih dening residhènan.

Rawuhipun tuwan gupêrnur kapapag dening satungiling kumisi, lajêng bidhal dhatêng kamar bolah. Wontên ing ngriku punika anggèning ngêsahakên têtêpanipun paruman agung.

[Grafik]

Gambar nginggil: Tuwan Gupêrnur nuju lêlênggahan kalihan para Zelfbestuur. Ngandhap: para pangagêng ingkang sami anjumênêngi têtêpan paruman agung wau.

Tuwan Gupêrnur mêdhar sabda ing bab wontênipun Zelfbestuur Bali wiwit katêtêpakên dumugi sapriki, inggih punika ingkang kapasrahan nindakakên padamêan nagari. Ananging padamêlan wau taksih wontên malih ingkang wigatos ingkang kêdah katindakakên dening Zelfbestuur kasêbut nginggil.

Dados wontênipun paruman agung inggih punika satunggiling bêbadan ingkang warganipun Zelfbestuur cacahipun 8. Ingkang nyanggi padamêlan wau.

--- [2117] ---

[Grafik]

Nginggil: tilas saradhadhu Inggris nalika sumpah badhe kaangkatakên dhatêng Tsjechoslowakije anjagi katêntrêman.

[Grafik]

Gambar sisih têngên: kiwa Arthur Greenwood, têngên Mayor Atlee, ingkang botên nyarujuki tindak pulitik ing Chamberlain wontên ing Eropah têngah.

[Grafik]

Ngandhap: sagolongan tiyang Jêrman Sudhètên ingkang sami ngungsi dhatêng sanès panggenan, jalaran botên nyarujuki parentah Hitler.

[Grafik]

Sisih kiwa: wadya Tsjechoslowakije ingkang wangsulakên,kawangsulakên. awit laladan ingkang kajagi wau kasrahakên dhatêng Jêrman.

[Grafik]

Jaksch, satunggiling panuntun golongan Tsjechoslowakije.

[Grafik]

Sang Hitler punapa dene para opisir nuju papriksa pagêr kawat ingkang kapasang dening bôngsa Tsjech.

[Grafik]

--- 2118 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (dysenterie).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Rèhning têtiyang ing nagari ngriku dèrèng mangrêtos utawi bodho, sanajan kathah ingkang sugih malah satunggal kalih wontên ingkang sampun miliyunan, ewodene ingkang mupakat lan purun badhe majêgi toya waterleiding wau sakêdhik sangêt, namung wontên dasanan kemawon, dene aturipun têtiyang punika, sampun sami gadhah sumur piyambak-piyambak, ingkang toyanipun rêsik bêning, dados botên prêlu ngangge toya leiding.

Makatên panampinipun tiyang ingkang botên purun utawi dèrèng mangrêtos wau. Dumugi sapunika nagari inggih botên saèstu damêl waterleiding, lan têtiyangipun inggih taksih sami ngangge toya sumur, mila sêsakitipun inggih taksih wontên, sabên taun kathah tiyang ingkang katrajang sêsakit dysenterie, ing salajêngipun sêsakit wau sagêd ngômbra-ômbra, malah ing satunggiling wêkdal sagêd dados pagêblug.

Dene tiyang ingkang sampun ngangge utawi kulina ngombe toya waterleiding, môngka taksih sagêd kataman sêsakit dysenterie, punika jalaran saking toya leiding ingkang sampun mêdal saking pancuran (kraan) katularan wisa sêsakit, utawi wadhahipun toya pancèn sampun rêgêd katularan wisanipun dysenterie, wontên ugi têtiyang wau mêntas nêdha janganan utawi wowohan ingkang sampun katularan wisaning sêsakit wau botên dipun kumbah ing toya bêntèr rumiyin, inggih saking botên mangrêtosipun anjagi kasarasaning badanipun, inggih sagêd kataman sêsakit punika.

Sanajan tiyang ingkang sampun mangrêtos inggih punika bôngsa Eropah pisan, ingkang radin-radinipun langkung mangrêtos, sagêd ugi katularan sêsakit dysenterie, awit tiyang punika sagêd sêmbrana utawi pancèn kadunungan lêpat utawi supe. Ananging inggih mêksa wontên bedanipun, tiyang ingkang mangrêtos langkung sagêd anjagi dhatêng kasarasanipun tinimbang tiyang ingkang bodho utawi botên mangrêtos wau.

Mênggah ingkang dipun wastani sêsakit mêjên dysenterie punika sêsakit ambêbucal rah lan umbêl, samôngsa ambêbucal angêdên-ngêden mawi sakit mulês sangêt. Tiyang utawi lare sakit mêjên punika ing dalêm sadintên anggènipun ambêbucal ngantos kaping 10-20, trêkadhang ngantos sagêd kaping 100. Ingkang sakit badanipun asring dados ringkih sangêt saha sagêd aniwasi.

Sêsakit dysenterie punika wontên warni kalih: bacillarie ingkang thukulipun jalaran saking baksil: (Shiga, Kruse, Flexner Strong) utawi amoeben dysenterie saking amoeben kewan lêmbat ingkang lugu (eencellige). Wontên ing microscoop katawis gêsang, lampahipun saèmpêr kadosdene toya satètès wontên ing dalancang tutul (vloeipapier) mlèbèr-mlèbèr ngêdalakên lêngên, mêngkêrêt, ing sisih

--- 2119 ---

sanèsipun mêdal malih lêngên, mêngkêrêt malih, makatên salajêngipun, samôngsa mrangguli rêrêgêd utawi têtêdhan sanèsipun, lajêng dipun gubêt dipun môngsa, rêrêgêd wau ical (sirna).

Rèhning sêsakit punika wontênipun ingkang kathah ing hawa bêntèr mila dipun namakakên tropische dysenterie.

Tiyang ingkang kataman bacillarie dysenterie, wiwitipun badan sakit bêntèr sangêt, katingalipun ingkang sakit pancèn inggih rêkaos lan anggènipun ambêbucal rambah-rambah saha ngêdên-ngêdên, kraos sakit sangêt.

Manawi botên kêcandhak tumuntên dipun suntik serum dysentirie, ingkang kathah dados tiwasipun.

Ingkang badhe saras, ing salêbêtipun 14 dintên ingkang sakit kraos sakeca, trêkadhang wontên ingkang langkung saking 14 dintên lajêng saras, nanging ingkang makatên wau awis, ingkang kathah-kathah sami tiwas, kajawi ingkang kêcandhak dipun jampèni sarana suntikan serum wau.

Limrahipun sêsakit bacillaire dysenterie punika dadosipun pagêblug yèn anrajang tiyang lajêng nimbal saking satunggiling panggenan dhatêng sanèsipun panggenan ingkang cêlak, lajêng angômbra-ômbra, awit tiyang ingkang sami sakit têmbeyan punika pancèn tiyang ingkang sampun sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit, utawi ingkang pancèn sampun katularan sêsakit wau.

[Iklan]

Sanajan panularipun sêsakit wau jalaran tiyang ingkang saras gêpokan kalihan ingkang sakit, nanging sajatosipun ingkang ambêbayani dening ngenggalakên pangômbra-ambranipun sêsakit wau. Inggih punika tiyang ingkang ngandhut wisa dysenterie kalêbêt ing badan tiyang ingkang saras, jalaran dipun ombe utawi sanèsipun. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts Sêmarang.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka.

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 30 Oktobêr 1938, wanci jam 1/2 9 dumugi jam 9, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Moendinglaja. Ingkang mêdhar sabda Tuwan R. Sacadibrata.

--- 2120 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Sêpanyol.

Wiwit pêcahing pêrang ing Tiongkok, ingkang lajêng kêsundhul orêg-orêgan ing Eropah têngah, punika lajêng nyilêpakên cêcariyosan ing Sêpanyol, ingkang lugunipun malah pêrang rêrêmpon sayêktos.

[Grafik]

Têtiyang Ngamônca ingkang sami tumut pêrang wontên ing Sêpanyol, nuju sami mirêngakên wêdhar sabda ingkang suraosipun, wilujêng pêpisahan. Jalaran badhe sami kawangsulakên.

Mênggah tuwuhing paprangan ing Sêpanyol punika, bibit sakawitipun, saking pambalelanipun golongan militèr ingkang botên rêna dhatêng paprentahan ing Madrid. Wusana dangu-dangu lajêng dados pêrangan ingkang kêmoran tandanging golongan ngamônca warni-warni. Inggih punika pinanggih wontên ing pasulayanipun ingkang lajêng dipun gêlar wontên ing Sêpanyol. Saha salajêngipun pinanggih, ing golonganipun Prangko dipun biyantu saking Itali tuwin Jêrman, pambiyantunipun wau awarni dêdamêl punapa dene wadyabala. Dene golongan parentah dipun rencangi ing nagari ingkang dhêdhasar dhemokrasi tuwin Ruslan. Nanging sadaya wau tumindakipun sami botên ngêblak. Mila wohipun pasulayan wau lajêng anggêgèndèng dados pasulayanipun nagari pundi-pundi. Prancis rumaos botên kêdugi manawi Itali tuwin Jêrman tumut ambalabagi wontên ing Sêpanyol. Tumrap Inggris ugi botên rumaos kêdugi dhatêng lêlampahan ingkang anggayut dhatêng ing Gibraltar, awit ing ngriku punika satunggiling pajagèn ingkang badhe malêbêt dhatêng lautan têngah, ingkang mêngku kawigatosan.

Bab paprangan punika ugi sampun wontên sêsulakipun badhe rukun, nanging rekadayanipun ingkang badhe ngrukunakên, inggih punika Inggris tuwin Itali, rêmbagipun kalihan parentah Sêpanyol tansah botên gathuk. Awit Itali tuwin prangko nêdha mênang, dene tumrap golongan parentah botên purun mituruti, jalaran nyatanipun, Madrid dèrèng bêdhah. Salajêngipun wontên komisi badhe ngrukunakên, nanging sawarnining usul wau tanpa damêl, ngrika ngriki rumaos sami manggih botên sakecanipun. Sukur dene salajêngipun wontên wêwêngan, Itali purun ngundurakên wadyanipun ingkang wontên ing Sêpanyol cacah 10.000, ing salajêngipun parentah Sêpanyol [Sêpanyo...]

--- 2121 ---

[...l] ugi badhe angwangsulakên têtiyang ngamônca dhatên nagarinipun. Ingkang makatên wau sajatosipun sami ngraos botên rêna, dene golongan ngamônca lajêng sami tumut ngêmori damêl wontên ing Sêpanyol. Tuwin malih tumrap golongan parentah, ing sapunika rumaos sampun botên ambêtahakên dhatêng dayaning liyan, awit kaprawiraning wadyanipun sampun anyêkapi.

Namung nyatanipun, sawarnining rêmbag ingkang katingalipun badhe rukun punika, tansah wudhar kemawon, awit tansah wontên lêlampahan ingkang nelakakên botên nyataning tindak badhe rukun wau. Sampun sawatawis dintên wontên bôngsa Jêrman tuwin Itali pintên-pintên grombolan malêbêt dhatêng Gibraltar, manawi miturut sêrat palilah, sadaya wau sami tukang, nanging sarêng dipun galedhah bêbêktanipun, wontên ingkang pinanggih ambêkta pangangge wadya gêgana. Salajêngipun têtiyang wau malêbêt dhatêng laladanipun Prangko. Ingkang makatên wau lajêng nipisakên kapitadosan.

Kanton Bêdhah.

Paprangan ing Tiongkok taksih pinanggih rame, saha miturut pawartos ing dintên Sabtu kêpêngkêr, Kanton kenging dipun broki ing wadya Jêpan. Lampahing wadya Jêpan wau dipun lampahi saking sunglon biyas, dumuginipun ngriku namung sadasa dintên sampun sagêd ambêdhah kitha. Anggèning Kanton kêbrokan mêngsah, punika tumraping Tiongkok manggih kapitunan agêng, amargi lajêng kecalan margi ingkang kangge andhatêngakên dêdamêl, sanadyan taksih sagêd angsal margi sanès, nanging rêkaos.

[Grafik]

Gambar kar laladan Kanton lan Hongkong.

Tumrapipun Tiongkok, rumiyin mila Kanton punika misuwur dados têlêng padununganing Bôngsa Tionghwa ingkang prawira. Ing sabêdhahipun Kanton, miturut wartos, Syang Kaisek tuwin nyonyahipun saha ministêr kêkalih sami oncat numpak motor mabur dhatêng Hongkong. Kajêngipun badhe pêpanggihan kalihan utusan Inggris, prêlu nêdha pitulungan supados Tiongkok dipun rukunakên kalihan Jêpan. Dhêdhasaripun Tiongkok, purun rukun waton taksih têtêp mardika.

Nanging rekadaya ingkang badhe dipun tindakakên punika namung ewuhaya, amargi Jêpan punika sampun [sampu...]

--- 2122 ---

[...n] mangrêtos, bilih nagari ingkang agêngipun samantên punika botên badhe sagêd dipun melikakên, saupami sabên bôngsa Jêpan kapurih anjagi bôngsa Tionghwa, botên badhe anyêkapi. Ing ngajêng Tiongkok punika dados rêrêbataning nagari kathah. Kalampahan bôngsa Tionghwa nungkul, nanging dangu-dangu têtiyang ingkang malêbêt mriku punika dados bôngsa Tionghwa. Môngka tumrap Jêpan inggih gadhah raos ingkang kados makatên punika. Dados pangajêng-ajêngipun Jêpan, sagêd ugi ngangkah murih Tiongkok têtêp kamardikanipun, kados ingkang sampun tumindak ing Mansukuo, Peking tuwin Nanking.

Kêcêpêngipun kitha Kanton, punika kenging dipun wastani dados pamêpêsing nagari sanès-sanèsipun, kados ta tumraping Inggris, punika pinanggih kawigatosakên sangêt, amargi Kanton punika dados gêgandhenganipun Hongkong ingatasing among dagang. Sarèhning ing sapunika Kanton sampun kêcêpêng Jêpan, raosipun ugi kadosdene sampun ngrêgêm Hongkong. Tumrap Jêpan katingal sêsulakipun ingkang araos sêsumbar, amastani bilih kêcêpêngipun Kanton punika, tamtu damêl munduring bôngsa ngamônca ing Hongkong, awit kitha wau kadosdene dados bêbètènging pulitik ngamônca ing Tiongkok, saya tumrap manawi nuju môngsa paprangan kados ingkang pinanggih ing sapunika.

Palèstinah.

Bôngsa Arab ing Palèstinah taksih lajêng anglawan. Ing golongan Inggris ngalêmpakakên wadyanipun, badhe kaangsahakên ngrêbat kitha Beitalmukadis, saha kêlampahan sampun kêrêbat. Ing sapunika Inggris gadhah sêdya botên badhe mandum Palèstinah prêlu badhe ngudi têntrêmipun rumiyin.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni:

1 Pananggalan, 50 taun cacah 4 lêbar saking toko bathik cap ukur, ing Cêrêbon. Pananggalan wau kangge madosi tanggalan Walandi, Tionghwa, Jawi tuwin Arab, ing salêbêtipun 50 taun. Tatananipun manut pananggalan umum. Pananggalan punika dipun aturakên lêlahanan dhatêng para ingkang sami mundhut barang daganganipun toko wau.

2 Pusaka Kalimasada, saking Radèn Wakija Boekhandel Sadoe-Boedi Purwadipuran 54 Surakarta. Buku wau aksara latin, ukuran cêkapan, isi 18 kaca. Kawêdalakên dening Wirya Panitra, Surakarta. Isi katrangan ing bab kajêng saha têgêsipun: Kalimasada. Rêgi f 0.40.

3 Sêrat Wedha Supêna, ugi saking Radèn Wakija. Aksara Jawi, ukuran cêkapan, isi 12 kaca. Mratelakakên ing bab kawruh impèn. Rêgi f 0.35.

Panumbasipun dhatêng ingkang ngêdalakên.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 2123 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Paberik pantun tiyang siti. Ing tanggal 22 wulan punika pabrik pantun "Pertanian Bumiputera" ing Sumpyuh, kabikak. Paguyuban wau ingkang nyêpêng R.W. Dwijosewoyo, tilas warga Raad Kawula, R. Rujito, R.M. Notonegoro tuwin Tuwan Sindutomo. Rantamanipun kangge tumbas mêsin wontên f 25.000.-, lumampah lestrik, tumrap waragad pabrik f 25.000.-.

Babagan toya ing Majasanga. Ing Majasanga mêntas wontên grêjêg babagan toya ing golongan tiyang siti kalihan Waterschap. Bab punika lajêng kawontênakên pêpanggihanipun golongan pangrèh praja, Waterschap tuwin tiyang siti ingriku. Dèrèng wontên rêmbag damêl marêm. Wusana bab ngadiling pambage dipun pasrahakên dhatêng Waterschap.

[Grafik]

Pambikaking Bestuursacademie. Kados ingkang sampun sumêbar ing pawartos Bestuursacademie kala wingi sampun kêlampahan kabikak ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing gêdhong Sêkolahan luhur Pangadilan ing Bêtawi, (kacêtha ing gambar).

Topi waja. Wontên wartos, bilih ing taun punika, manawi kasêmbadan, parentah badhe mundhut topi waja kangge wadyabala ing tanah ngriki. Topi waja wau pigunanipun agêng, kenging kangge nulak bêbaya saking gêgana tuwin sanès-sanèsipun.

Malaria sauruting pasisir tanah Jawi. Pakaryan Kasarasan sampun nindakakên papriksan wontêning sêsakit ing pasisir laladan Sidoarjo, Grêsik, Tuban, Sukolilo tuwin Rungkut. Sukolilo tuwin Rungkut punika cêlak kalihan kitha Surabaya. Ing laladan-laladan ngriku wau kathah têtiyangipun ingkang sami sakit malaria. Mila ingkang wajib ngêncêngi tindak papriksa, kanthi ambage kina saha dipun titi supados dipun têdha, amargi kathah ingkang namung dipun bucal.

Ngèndêli lêbêtipun bangsa ngamanca. Ing wêkdal punika lêbêting bangsa ngamanca ing tanah ngriki dipun kèndêli, amargi dhatêngipun bangsa ngamanca ingkang kanthi palilah sampun langkung saking watês, ingkang lêrêsipun ing dalêm sataun namung 12.000. Tumrap Surabaya kemawon ingkang malêbêt sampun 2000.

Lindhu agêng ing Kupang. Miturut wartos saking Kupang, wontên lindhu agêng, kêraos ing saindêngipun Timor, Rotti tuwin pulo-pulo Alor. Ing kala lindhu wau, têtiyang ingkang kêlinton sami bingung. Wilujêng botên wontên kasangsaran.

[Iklan]

Tampi bintang. Paduka Tuwan C. van den Bussche, vice-president Raad van Indie tuwin J.M. Kiveron, algemeen secretaris, sami tampi bintang Garuda Jerman saking Rijkskanselier Jerman.

Nglajêngakên dhatêng nagari Walandi. R.M. Rasdiman, ingkang rayi Mr. R.M. Raspio lulus doctoraalexamen ing Pamulangan luhur Pangadilan ing Bêtawi, badhe nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi. Bidhalipun benjing tanggal 7 November ngajêng punika.

Asistèn residhèn Salatiga mèh kasangsaran. Asistèn residhèn ing Salatiga nalika nuju nitipriksa wit ringin ingkang mêntas sêmpal adamêl karisakan, mèh kêdhawahan pang ingkang sêmpal malih, namung kirang sakêdhik kemawon. Ingriku lajêng wontên dhawuh nitipriksa sawarnining wit-witan ing salêbêting kitha ingkang agêng-agêng, manawi nyamari supados dipun têgor.

Kaawisan sêsorah wontên ing papan kêndurèn. Sampun dados padatan, ing Menes, Bantên, sabên nuju kêndurèn lajêng dipun wontêni sêsorah babagan agami Islam. Ing bab punika ingkang wajib lajêng ngawisi dhatêng tindak wau, pêrlu kangge anjagi tata têntrêm.

Lare kêmbar tiga. Ing dhusun Turèn, Malang, wontên tiyang gadhah anak kêmbar tiga sami èstri. Saking pamrayogining ngakathah supados lare-lare wau kalêbêtakên dhatêng griya sakit Leger des Heils, nanging tiyang sêpuhipun botên suka, cêkap dipun upakara piyambak. Sapriki wilujêng.

Nyalingkuhakên cêngkèh tuwin gambir. Satunggiling sudagar agêng ing Bêtawi, akèn dhatêng transport onderneming Tionghwa ngêmot barang warni gambir 100 kranjang tuwin cêngkèh 100 pêthi, kapurih masrahakên dhatêng satunggiling toko. Sarêng têtela sampun dangu botên dumugi, lajêng dipun padosi dhatêng kantoripun, ingriku pinanggih suwung, kakintên barang-barang wau kabêkta kesah. Rêgining barang wau wontên f 11.000.-.

--- 2124 ---

Inggah-inggahan ing Jawi Têngah. Warna, juru sêrat klas 1 kawêdanan Purwarêja, Kabupatèn Banjarnêgara, Paresidhenan Banyumas, dados mantri pulisi Paresidhenan Banyumas. M. Suryo, juru sêrat klas 1 kantor Kabupatèn Kêndal, Paresidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi Paresidhenan Sêmarang. M. Ruslan, juru sêrat klas 1 Kawêdanan Kajèn, Kabupatèn Pathi, Paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi Paresidhenan Japara-Rêmbang. Mohamad Wawi juru sêrat klas 1 kantor Kabupatèn Japara, dados mantri pulisi Paresidhenan Japara-Rêmbang. M. Sigit, juru sêrat klas 1 Kawêdanan Boja, Kêndal, dados mantri pulisi Paresidhenan Sêmarang.

[Grafik]

Tuwan Kaji Abdulkadir Jailani. Kawartosakên Tuwan Kaji Abdulkadir Jailani kacêtha ing gambar, inggih punika satunggiling neneman asli Celebes kidul kapetang ingkang kapisanan lumêbêt ing pamulangan luhur Al. Azhar ing Mesir.

Mriksa kasarasan. Pangagênging Pakaryan Kasarasan ing Jawi Kilèn nêtêpakên dhoktêr-dhoktêr ingkang dados mriksa para punggawa nagari ing Jawi Kilèn. Kajawi punika nêtêpakên, tindak mriksa kasarasan wau botên kenging ngangge dhoktêr sanèsipun. Tumrap tiyang ingkang badhe mriksakakên badan, kêdhakkêdah. dhatêng dhoktêr juru mrikasmriksa. ingkang cêlak piyambak saking griyanipun.

Parêpatan Bupati. Miturut wartos, benjing salêbêtipun wulan Maart 1939, ingkang badhe katêtêpakên tanggalipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe ngawontênakên parêpatan kalihan para Bupati Jawi Kilèn, badhe ngrêmbag babagan-babagan ingkang wigatos.

Lindhu. Ing Timur, Rotti, tuwin laladan pulo Lor mêntas wontên lindhu, ngantos sawatawis mênit.

Angsal-angsalanipun Jaarmarkt Surabaya. Gunggungipun têtiyang ingkang sami ningali Jaarmarkt ing Surabaya sadaya wontên 267.600, angsal-angsalaning arta wontên f 62.078.80. Kala taun kêpêngkêr têtiyang ingkang ningali wontên 236.042, angsal-angsalanipun f 65.056.95.

Darma tumrap lare kêmbar sakawan. Dumugi sapunika klêmpaking arta darma tumrap lare kêmbar 4 ing Blitar sampun angsal f 500.-. Tumrap ing nagari Walandi ugi wontên ingkang nindakakên makatên, lumantar de Telegraaf. Kawontênaning lare sakawan pisan sami wilujêng.

Mulyakakên pasarean dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara V. Pasarean dalêm suwargi K.G.P.A.A. Mangkunagara V ing Girilayu, Surakarta, kalampahan sampun kamulyakakên.

Ngangkah kasangsaran ing kapal Surabaya. Zeekrijgsraad sampun angrampungi prakawisipun matrus milicie 5, ingkang sami kadakwa ngangkah kasangsaraning kapal pangajaran marine ingkang nama Surabaya. Sami kaukum 14, 14, 15, 12, tuwin 12 wulan kanthi dipun kèndêli saking padamêlanipun, saha sami botên kaparêngakên nyambut damêl ing golongan militèr.

AMERIKA.

Ngagêngakên panggaotan. Pabrik Chrysler Corporation badhe angindhaki wêdaling dêdamêlanipun ngantos 20%. Pêrlu badhe kangge nyampêti wêlingan sêpur gagrag taun 1039 cacah 107.000. Ingriku anampèni punggawa enggal 34.000, saha dumuginipun sapunika punggawanipun sampun wontên 54.000.

Mêling obat mimis. Ministêr paprangan Amerika mêling obat mimis dhatêng pabrik partikêlir rêrêgèn 9.000.000 dollar, kalêbêt bom-bom ingkang wawrat 100 dumugi 200 pond.

EROPA.

Kemal Ataturk gêrah. Miturut wartos praja, pramuka praja Turki, Kemal Ataturk gêrah rêkaos, malah lajêng wontên rêmbag amanah bilih ingkang badhe dados gêgêntosipun. Wontên wartos malih, bilih wêwakil Turki ing Londen, Tenti Okyan Bey, badhe kaangkat dados president ing Turki, anggêntosi Kemal Ataturk. Malah sanadyan Kemal Ataturk sênggang, inggih badhe lêstantun anggèning dados president republiek Turki. Miturut wartos ingkang kantun, gêrahipun Kemal Ataturk wontên mayaripun, sampun botên bêntèr. Têtiyang salêbêting praja sami bela sungkawa, sawarnining têtabuhan botên kaungêlakên. Pêpadhang ing panggenan têtingalan sami dipun sirêp.

Ura-uru ing Jeruzalem. Kawontênakên ing Jeruzalem saya rame, ing margi-margi kawontênakên wadya nganglang numpak auto alapis waja. Dilah-dilah sorot kasorotakên dhatêng papan ingkang lindhuk-lindhuk. Ing kitha lami pinanggih têntrêm, wontên rêrêsah inggih botên sapintêna. Anggèning wadya Inggris sagêd ngrêbat kitha lami wau kanthi tindak lon-lonan, kanthi pambiyantunipun wadya gêgana, ingkang nêdah-nêdahakên ebahing golongan ambalela. Kathah bangsa Arab ingkang sami dipun cêpêngi. Golongan ambalela wau sampun dipun kêpang ing wadya Inggris. Parentah nêdya nyirêp rêrêsah ingriku yêyêktosan.

AUSTRALIE.

Pindhah dhatêng Australie. Dumuginipun sapunika bangsa Oostenrijk ingkang pindhah dhatêng Australie sampun wontên 10.000. Sarèhning parentah Australie nyamarakên dhatêng panggêsanganing têtiyang wau, lajêng kawontênakên tatanan, lêbêtipun bangsa Oostenrijk dhatêng tanah ngriku kadamêl angèl.

ASIA.

Manggihakên tuk lisah pèt. Kawartosakên, ing sawetan Sandi, tanah Arab, pinanggih wontên pasitèn ingkang ngêmu lisah pèt kathah.

[Grafik]

Kapal mabur Jêpan suwiwinipun risak. Inginggil punika gambaripun Sang Nata Jêpan nuju mriksani kapal mabur ingkang karisakan suwiwinipun jalaran kasanjata ing mêngsah, nalika nuju gêgana saking Nanking dhatêng Tokio.

--- 165 ---

Nomêr 42, 26 Oktobêr 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Urun Rêmbag.

Amêwahi karanganipun Nyai Pranata ing Kajawèn ôngka 78 ingkang nêmbe mêdal, bab olah-olahan pusaka Jawi nama jadah.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam

Karangan wau sakalangkung cêtha maedahi, anggugah manah kula kêdah urun pamanggih, manut ingkang sampun kula tingali ing padunungan kula.

Anggènipun maringi parudan kalapa botên lajêng kacarubakên, nanging parudan kalapa wau dipun êlèr waradin ing sanginggilipun wos. Inggih punika wanci ngaru dipun tumplak sawêg kacarubakên, dados botên dipun karu. Sasampunipun kacarub waradin, têrus dipun êdang malih ngantos tanak. Prêlunipun makatên: rêmbêsipun lisah botên wontên ingkang kalong dhawah ing dandang, wêtah anglisahi uwos.

Pandhêplokipun, punika prayogi wontên ing upih jambe, langkung kiyat, upih wau kenging dipun angge wongsal-wangsul, sasampunipun kangge dipun kumbah rêsik, kagulung lajêng dipun simpên.

Pirantosipun andhêplok, ugi kenging mawi alu limrah, nanging pucuking alu dipun bungkus blarak kalapa, supados botên kêkanthilan ingkang dipun dhêplok.

Kajawi punika, manawi adang, sêkul punapa kêtan utawi katela pohung, prayogi dipun paringi suwiran godhong pandhan wangi, kajawi gandanipun eca, botên enggal mambêt utawi sumêg.

Siti Mariyam.

Ing Salatiga.

--- 166 ---

Tumbu Olèh Tutup.

Paribasan ing nginggil punika, para maos kathah ingkang sampun ngawuningani kajêngipun, jalaran saking kêrêpipun kasrambah. Mênggah ingkang asring kabasakakên makatên punika: sêsemahan jalêr tuwin èstrinipun cocog utawi mèh sami watêk-watêkipun, pakarêman utawi kasênênganipun.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman.

Upami: jalêripun gêmi, èstrinipun sungkan ngêdalakên bôndha ingkang tanpa tônja. Kakungipun karsa kasukan gonggong, putrinipun rêmên kongking. Jalêripun rêmên têtulung ing kasusahan, èstrinipun wêlasan, kakungipun karêm urip-urip lele, putrinipun karsa mangut bandêng makakên sapiturutipun.

Para wanita ingkang sampun sêsemahan kados kula punika, kula kêjabakakên, botên kula rêmbag ing ngriki. Sêtun namung sumôngga samia ngudi mamrih rahayunipun bêbrayan gêndhon-rukon, mong-kinêmong, sabar-sinabaran, sagêda lêstantun ngantos kakèn-kakèn ninèn-ninèn.

Para wanita ingkang dèrèng nambut silaning akrama, makatên ugi para ibu, mugi sampun ngantos kalimput bab pamilihipun jatukrama utawi calon putra mantu. Trêkadhangan namung saêbab kalih bab anggènipun mêndhêt wêwaton paribasan ing nginggil punika, sampun kaanggêp cêkap.

Kathah para pêpacangan, satunggal-satunggalipun namung katarik saking luhuring drajat, inggiling pasinaon, darah sami darah, malah limrahipun namung katarik saking warni, sambang sarawungan (têpang utawi kêrêp srawung) karoban sih utawi kasaenan lan sanès-sanèsipun. Salêbêting pêpacangan, trêkadhang satunggal-satunggalipun sami dene nyumêrêpi satunggaling bab ingkang botên cocog lan manahipun, nanging sami dene kaumpêtakên, api-api botên mangrêtos, jalaran inggih sampun kêtarik pintên-pintên bab ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, dados sami dene kuwatos utawi eman yèn pêdhot botên kalampahan.

Tiyang jêjodhoan, sasagêd-sagêd kaangkaha cocog lair batosipun. Botênipun makatên, inggih ingkang mirib utawi ngèmpêri samudayanipun. Awit yèn botên makatên, saèstu taksih kuciwa anggènipun sami rêrayatan. Kajawi ta cocoging kamaksiatan, kasênêngan sarta wêwatêkan ingkang anjog ing karisakan, punika ugi botên kula rêmbag, awit botên wontên têtiyang jêjodhoan punika mangajab ing karisakan, ingkang tamtu mangèsthi dhatêng katêntrêman sarta kawilujêngan. Dene wontên satunggal kalih ingkang makatên, punika pancèn dipun têmaha.

Bab botên cocoging kapitadosan, punika ugi satunggaling alangan tumrap jêjodhoan. Upami: kakungipun rêmên mangeran kayu watu lêmah sangar kayu aèng sapiturutipun, putrinipun namung dhatêng Gusti Allah pribadi ingkang wajib sinêmbah, [si...]

--- [167] ---

[...nêmbah,] punika ugi kêrêp wontên ingkang sok nukulakên padudonipun.

Sêsemahan ingkang mong-kinêmong, sabar-sinabaran, punika dados pangalêman utawi pêpenginan. Nanging yèn pangêmong utawi kasabaran wau dhapur kêpêksa, ugi nama kirang sampurna utawi taksih kuciwa. Kula bôngsa wanita, umumipun ngêmong utawi ngawonan (ngawon têgêsipun botên kawon), punika bokmanawi inggih saking kêpêksa, anggènipun badhe anjagi dhatêng kakungipun, wasana kula lajêng angsal sêsêbutan: bêkti laki, sagêd nuju dhatêng karsaning guru lakinipun. Punika dede sajatining bêkti.

Wosing karangan ing nginggil punika, mugi kenginga kangge lêlimbanganing panggalihipun para ibu tuwin para mudha, kaangkaha jêjodhoan punika anêtêpi paribasan: tumbu olèh tutup, wusana lajêng angsal sêsêbutan: bêkti laki ingkang sajati, atut rukunipun botên namung katarik saking kawontênan lair, nanging sanajan batosipun kêdah kêtarik ugi. Yèn kalampahan makatên, tamtu botên badhe bèncèng ing salami-laminipun, wasana awoh pintên-pintên katêntrêman utawi kawilujêngan, ing têmbe putra wayah badhe tumut ngraosakên.

Biyang Marta Sleman.

Rukun Putri

Pakêmpalan wanita ing Banjarmasin nama Rukun Putri, mêntas ngawontênakên pèngêtan bilih adêgipun pakêmpalan wau sampun jangkêp 5 taun, manggèn ing kamarbolah taman kêrukunan.

[Grafik]

Para wakiling pakêmpalan ingkang sami rawuh kapetang kathah. Ing wêkdal punika dipun wontênakên sêsorah bab adêgipun pakêmpalan wau. Adêging pakêmpalan wau kala ing taun 1933, sakawit pakêmpalan wau mligi kangge golongan wanita bôngsa Jawi, Sumatra tuwin ingkang asli saking nagari sanès-sanèsipun, ingkang kapetang ngamônca. Sarêng ing taun 1936, pakêmpalan wau kajêmbarakên, kenging nampèni golongan wanita bôngsa Banjar, salajêngipun sapunika malah kadadosakên umum tumrap sawarnining bôngsa tanah ngriki. Ing wêkdal punika pakêmpalan Rukun Putri nêmbe ada-ada badhe ngêdêgakên pamulangan Huishoudschool. Ing nginggil punika gambaripun pakêmpalan wau nalika ngawontênakên pahargyan.

Wara Yadiman.

--- 168 ---

Sinjang Tambal.

Sinjang tambal punika warni kalih, tambal miring tuwin tambal kanoman, dene ingkang kacêtha ing gambar punika tambal kanoman.

Namaning sinjang sampun amastani kados wujudipun, inggih punika pating trambal, dados kados pêpêthaning sinjang ingkang dipun tambal-tambal.

[Grafik]

Tumraping sinjang tambal kanoman, punika panyêratipun mawi garisan, tuwin garisanipun wau mawi dipun pêtha wontên ingkang mrapat saha lowahan agêng. Ingkang mrapat wau dados jêjêr, mêndhêt têngah-têngahing gathukipun prapatan, dene lowahanipun agêng lajêng dipun para-para kados ingkang kacêtha ing gambar. Ing ngriku wujudipun sampun katingal.

Sinjang tambal kanoman punika kalêbêt sêratan alusan, ngrawit, sarwa mêpêki, lataripun cêmêng, pêthak tuwin soganipun pinanggih maradini, mila katingalipun mubyar tuwin muyêg.

Tumraping sinjang tambal kanoman punika luwêsan, dipun agêm priyantun kakung tuwin putri sagêd mapan, dipun wêdalakên wontên ing pasamuwan botên nguciwani, dipun têbihi pantês, dipun cêlaki luwês, gadhah wônda mriyayèni.

Makatên ugi sinjang tambal kanoman punika dipun ênggèni rasukan punapa kemawon purun, pinanggih namung sarwa ombèr, têgêsipun, upami dipun ênggèni rasukan cêmêng, sagêd mathuk dening ing sinjang wontên latar pêthakipun. Manawi dipun ênggèni rasukan pêthak, ing sinjang wontên latar cêmêngipun. Dene sogan, punika namung sarwa sagêd rumêngga dhawahing warni punapa kemawon.

Dene sinjang tambal miring, punika bakunipun inggih kados sinjang tambal kanoman tanpa garis malang tuwin wujuding tambalan agêng-agêng, pantêsipun namung dipun agêm ing priyantun kakung ingkang pupuk ing sarira, dêdêg inggil. Upami dipun agêm ing priyantun andhap alit, nama kontit karoban ing sêratan. Cêkakipun botên pantês.

--- [0] ---

Babad Giyanti.

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta. Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W. Ing Batawi Sèntrêm. Sadaya wontên kalih likur jilid, sajilid rêgi f 0.50. Ingkang sampun kababar kapratelakakên ing ngandhap punika mawi katêrangakên cêkakaning isinipun.

Jilid I

1. Kartasura bêdhah, kraton ngalih dhatêng Sala. 2. Kabar Sala badhe katamuan jendral ing Batawi, sarta pêpanggihanipun Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan Mayor Hogêndhorêp. 3. Ingkang sinuhun ing Surakarta mêthuk jendral dhatêng Samarang. 4. Wontênipun jendral ing Surakarta sarta mulabukanipun Pangeran Mangkubumi sêrik galihipun. 5. Pangeran Mangkubumi mêdal saking nagari. 6. Madêg baris wontên ing Pandhak Karangnôngka, ngalih dhatêng Gêbang, lajêng ajak-ajak Pangeran Mangkunagara sarta Sultan Dhandhun Martèngsari, supados kêmpal. 8. Pangeran Mangkunagara ambêdhah ing Kaduwang, Pangeran Mangkubumi ngrampit ing Surakarta, lajêng mundur dhatêng rêdi Garigal. 9. Prajurit ing Surakarta lan Kumpêni angubrês ing tanah Sêmbuyan saanteronipun.

Jilid 2.

10. Angubrês Sultan Dhandhun Martèngsari, Pangeran Singasari. 11. Pangeran Mangkubumi saking rêdi Garigal anggêpuk ing Grobogan sarta ing Dêmak. 12. Kumpêni ngubrês Pangeran Pamot lan Pangeran Mangkunagara. 13. Kumpêni wontên ing Burêng kenging apusipun Surajaya. 14. Wontên ing dhusun Papringan Pangeran Mangkunagara dipun gêcak Kumpêni. 15. Pangeran Mangkunagara wontên ing Dhepok Samakaton. 16. Mayor damêl dora sêmbada, mêjahi tiyang dipun awatakên Pangeran Mangkunagara lan Pangeran Pamot. 17. Baris Kumpêni wangsul dhatêng Sala. Mayor badhe dipun bêsêli Patih Pringgalaya sarta Sindurêja. 18. Pangagêng Walandi ing Sala santun oprup, Pangeran Mangkunagara nglajêngakên lampah badhe sowan ingkang rama Pangeran Mangkubumi. 19. Pangeran Mangkunagara kapanggih Pangeran Mangkubumi, lajêng kaatêrakên wangsul mangidul. 20. Pangeran Mangkubumi anggêbag Mataram, botên angsal damêl lajêng mangalèr, nêluk-nêlukakên dumugi Grobogan, Blora, Jipang.

Jilid 3.

21. Saking Jipang mangilèn, campuh kalihan wadyabala Kumpêni ing salèripun rêdi Kêndhêng, lajêng yasa kitha ing Jakawal. 22. Wontên ing Jakawal Pangeran Mangkubumi mranata panganggenipun abdi, dipun lapuri bilih Dêmak karêbat ing wadya bala Kumpêni. 23. Ing Jakawal mirêng badhe wontên kengkenan saking Samarang, ngajak badhami. 25. Kengkenan saking Samarang dumugi ing Jakawal, saha wangsulanipun Pangeran Mangkubumi. 25. Nyariyosakên kramanipun Pangeran Mangkunagara, kamantu ing Pangeran Mangkubumi, sarta kramanipun gupêrnur ing Samarang, karawuhan ingkang sinuhun ing Surakarta. 26. Ingkang sinuhun kondur dhatêng Surakarta, kramanipun pangeran adipati anom, sarta karampunganing Kumpêni niyat anêmêni Pangeran Mangkubumi. 27. Bidhalipun prajurit saking kitha Surakarta badhe amikut Pangeran Mangkubumi. 28. Prajuritipun Pangeran mangkubumi angrampit kitha Surakarta.

Jilid 4.

29. Ing kitha Surakarta, prajurit angêlut mêngsah ingkang ngrampit kitha. 30. Jayakartika pêjah ing paprangan, kitha Surakarta kêkês, Pangeran Mangkubumi gêtun. 31. Pangeran Mangkubumi ngrampit kraton Surakarta. 32. Pangeran Mangkubumi anjarah rayah ing Juwana, lajêng wangsul dhatêng Jakawal.

Jilid 5.

33. Kumpêni nglacak Pangeran Mangkubumi. 24. Ing tanah Mataram, Tumênggung Jayawinata ambalik. 35. Tumênggung Jayawinata kapanggih kalihan Pangeran Mangkunagara, lajêng campuh pêrang kalihan wadyabala Kumpêni. 36. Sultan Dhandhun Martèngsari nyaru wuwus, dipun tandangi wadyabala Sukawati, lajêng têluk dhatêng Surakarta. 37. Pangeran Mangkubumi tindak dhatêng Ngayoja, lajêng kadhatêngan kengkenanipun Kumpêni saking Samarang. 38. Pangeran Mangkubumi wangsul saking Ngayogya dhatêng Sukawati. Pangeran Buminata dhatêng Sala. 39. Kumpêni nglurugi Ngayogya. Pangeran Mangkubumi têtulung, lajêng katungka dhatêngipun utusan Kumpêni saking Samarang.

Jilid 6.

40. Pangeran Mangkubumi jumênêng nata wontên ing Ngayogyakarta. Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaprabon dhatêng putra, pangeran adipati anom. 41. Wadyabala Kumpêni ngungsir Pangeran Mangkubumi, campuh wontên ing rêdi Tidhar, lajêng madêg karaton ing Kabanaran. 42. Mangunonêng, utusanipun Kumpêni dipun pêjahi wontên ing Kabanaran. 43. Tumênggung Ônggawôngsa sarta Cakrajaya kawêdalakên saking Surakarta, wangsul dhatêng Bagêlèn. 44. Wadyabala Kumpêni campuh kalihan wadyabala Kabanaran wontên ing Banyudana, Bayalali.

Jilid 7.

45. Sinuhun ing Kabanaran bidhal dhatêng Pagêlèn sarta Kêdhu, badhe paring biyantu. 46. Pangeran Mangkunagara kadhawuhan angrampit kitha Surakarta. 47. Paprangan ing Pagêlèn. Wontên sambêtipun.

--- [0] ---

Jilid 8.

48. Sinuhun Kabanaran damêl gêgujêngan dhatêng wadyabala ingkang sami kawon pêrang ing Pagêlèn. 49. Ing Madura gègèr, awit saking pandamêlipun Adipati Pugêr. Baris Kumpêni ing Pokak kabibarakên. 50. Ing Mataram sami kalêmpakan, Pangeran Adiwijaya katamtokakên ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu. 51. Ing Mataram mantu Pangeran Singasari. Ingkang sinuhun ing Surakarta nêsêg Kumpêni supados paprangan enggal kadamêl rampung. Mataram badhe kakêpang. 52. Lampahipun wadyabala Kumpêni dhatêng Mataram, tuwin paprangan ing samargi-margi.

Jilid 9.

53. Sultan Kabanaran tilar praja, ngungsi dhatêng tanah Sukawati. 54. Anyariyosakên angkatipun utusan ing Surakarta dhatêng Batawi, tuwin paprangan alit-alit. 55. Gupêrnur Hogêndhorêp tuwin utusan saking Surakarta wontên ing Batawi. 56. Gupêrnur Hogêndhorêp kalurugakên dhatêng Bantên. 57. Sawangsulipun saking Batawi, tata-tata awit kuwatos, mêngsah têmtu pêpulih. 58. Lêlampahan ing Kêdhu ingkang nyandèkakên Sultan Kabanaran botên saèstu tindak dhatêng Mataram. 59. Pêpêrangan ing Gowong. 60. Pêpêrangan ing Pagêlèn tuwin ing Malaran.

Jilid 10.

61. Pêpêrangan ing Ungaran. 62. Pêpêrangan ing Ambal tuwin ing Jênar. 63. Ing Ungaran wontên bêbantu dhatêng saking Samarang. 64. Pêpêrangan ing Pajang saanteronipun. Kumpêni nilar Ngayogyakarta, badhe ngêmpal dhatêng Kêdhu. 65. Sunan Kabanaran wontên ing pasanggrahan Banyuurip tampi wêwadul saking bupati ing Pakalongan.

Jilid 11.

66. Sunan Kabanaran bidhal saking tanah Pagêlèn badhe nêlukakên tanah pasisir, dumugi Talagawana kèndêl masanggrahan. 67. Tumênggung Arungbinang kanthi prajurit Kumpêni ambêbujêng Pangeran Purbaya wontên ing tanah Pagêlèn. 68. Sunan Kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak nagari Pakalongan. 69. Sang nata ing Kabanaran badhe anggêcak Pamalang tuwin Têgal. 70. Sunan Kabanaran badhe besanan kalihan Pangeran Natakusuma. 71. Tumênggung Arungbinang kapêtêngan budi. 72. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Mataram. Pakalongan karêbat malih dhatêng Kumpêni. 73. Tumênggung Arungbinang dipun panggihi sang rêtna ing Bulupitu. 74. Ing Mataram, ngrêmbag badhe ningkahing pangantèn.

Jilid 12.

75. Andhudhuk rêdi Tompomas, Sultan Bantên nyuwun pangayoman dhatêng Sunan Kabanaran, 76. Dipati Cêbolang ing Surabaya malik tingal mêngsah Kumpêni dipun biyantu dhatêng Sunan Kabanaran. 77. Sunan Kabanaran badhe nêlukakên tanah bangwetan, 78. Adipati Suradiningrat ing Pranaraga mêpak bala badhe mapagakên pêrangipun Pangeran Mangkunagara. 79. Sunan Kabanaran badhe rawuh dhatêng Pranaraga. 80. Pêpêrangan ing Kêdhu, Radèn Mangkuwijaya tuwin Tumênggung Jayadirja sami nêmahi tiwas mêngsah kalihan Kumpêni. 81. Para adipati ing bangwetan sami sowan Sunan Kabanaran wontên ing Pranaraga. 82. Pangeran Mangkunagara kondur dhatêng Mataram. Sunan kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak Surabaya. 83. Sunan Kabanaran masanggrahan wontên ing Kartasana, anggladhi prajurit.

Jilid 13.

84. Pêpêrangan ing Kêdhu, Pagêlèn tuwin Banyumas saanteronipun. Wadyabala Kabanaran dipun biyantu Sultan Bantên. 85. Pangeran Mangkunagara rêraosan badhe malik tingal mêngsah ingkang rama Sunan Kabanaran. Pangeran Adiwijaya kapupu ing prang. 86. Prajurit Sukawati campuh kalihan prajurit Surabaya. 87. Sunan Kabanaran botên èstu anggêcak Surabaya, awit saking pambujukipun Adipati Madura. 88. Tumênggung Suradimênggala ing Jipang ambeka nyuwun dipun indhaki sabinipun. Sunan Kabanaran duka. Kyai tumênggung kapatrapan ukum pêjah. 89. Sunan Kabanaran anggêtuni sedanipun ingkang raka Pangeran Adiwijaya kalayan Tumênggung Jayadirja. 90. Pangeran Mangkunagara saya rênggang kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran.

Jilid 14.

91. Pangeran Buminata asrah pêjah gêsang dhatêng ingkang raka Sunan Kabanaran. 92. Pangeran Mangkunagara èstu pêthal kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran, lajêng pêrang rêbatan bawah. 93. Kumpêni dipun biyantu Pangeran Mangkunagara badhe ngantêp pêrang kalihan Sunan Kabanaran. 94. Sèh Ibrahim sudagar Turki dipun saraya ing Kumpêni kapurih ngrêrapu panggalihipun Sunan Kabanaran. 95. Madiun lan Pranaraga kenging karêbat dhatêng Pangeran Mangkunagara.

Jilid 15.

96. Sunan Kabanaran kasoran prangipun kalihan ingkang putra Pangeran Mangkunagara. 97. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Sukawati nêntrêmakên manahing wadyabala. Pangeran Mangkunagara wontên ing Pranaraga miwaha ingkang paman Pangeran Purubaya, ingkang lajêng asêsilih nama Pangeran Arya Cakranagara. 98. Sultan Bantên mindha-mindha dados santri saking Gowong badhe nusul Sunan Kabanaran dhatêng ing Sukawati. Wontên ing dhukuh Rêpaking dipun pêndhêt mantu kalihan Kiyai Nuriman. 99. Sunan Kabanaran nampèni sêrat saking Sèh Ibrahim, 100. Kiyai Nuriman dipun gadhuhi siti Gagatan minôngka dhaharipun Sultan Bantên. 101. Sunan Kabanaran ngaturi sêrat dhatêng jendral lumantar Tuwan Sarib Bêsar inggih Sèh Ibrahim, mratelakakên sabab-sababipun dene ngantos mêdal saking nagari. 102. Lampahipun Sarib Bêsar badhe pêpanggihan kalihan Sunan Kabanaran, mawi mampir dhatêng Surakarta. 103. Pangeran Mangkunagara ngaturakên tobat dhatêng ingkang rama Sunan Kabanaran. Adipati Suryanagara kautus dhatêng Samarang ngaturakên pisungsung dhatêng jendral ing Batawi.

Jilid 16, salajêngipun sawêg kaêcap.

Wêdalan Balepustaka Batawi Sèntrêm.