Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 01–10)
1. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 11–14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 15–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 20–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 25–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 33–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
7. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 41–47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
8. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 48–57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Babad Pajang[1]
--- 1: 1 ---
1. Dhandhanggula
1. amurwani jumênêng sang aji | Sultan Pajang nyarêngi sedanya | lan Jêng Sultan Dêmak mangke | tri nis mănca bumiku |[2] putrèng Dêmak jalu kinardi | natèng mukmin anama | Sunan Prawatèku | waruju binêktèng Pajang | wus tinanêm anèng Madiun nagari | punika cinarita ||
2. pusaka dalêm wus dèn bêktani | maring Pajang tan ana malanga | samya jrih mring sang pamase | pinasthi gênti pulung | suyud sagung punggawa mantri | Ki Mas Mănca kinarya | patih ajêjuluk | Dipati Măncanagara | ababêngkok salêksa nêm èwu nênggih | Wuragil lan Ki Wila ||
3. pan kinarya bupati jro sami | pan Ki Wila nama Wilamarta | gangsal èwu lêlungguhe | Ki Buyut Banyubiru | pan lêstari pinundhi-pundhi | lan Ki Buyut Majasta | samya pinisêpuh | Ki Agêng Butuh punika | putranira kalêbu santanèng aji | apan pinaring nama ||
4. Pangeran Jênar wastanirèki | kutha Pajang sangsaya raharja | kèringan wingit prajane | tulya sri kang wêwangun | kutha kojor kukuh miranti | sakèthènge majupat | sinungan manguntur | ginapura kuthagara | pêpanggungan munggul rinêngga tulya sri | tuhu datanpa sama ||
5. kunêng ingkang kawuwusa malih | putranira Ki Agêng ing Sela | Ki Agêng Ênis wastane | kalawan putranipun | asuwita ing Pajang sami | antuk sih kinakadang | sarta tunggil guru | ya ta nalika samana | Kyagêng Ênis kinarya pradikan mangkin | marang Sang Natèng Pajang ||
6. sinung dhukuh ing Nglawiyan nênggih | wus anama Ki Agêng Nglawiyan | tinuwa-tuwa ing ngakèh | kêkalih putranipun | sami jalu pupon satunggil | kadangira nak-sanak | ingkang darbe sunu |
--- 1: 2 ---
Ki Gêdhe Ngêrang punika | alit mila kinadang-kadang kinathik | lawan atmajanira ||
7. ingkang anama Ki Mas Pênjawi | kakang adhi lan Ki Pamanahan | putra Kyagêng Ênis dhewe | antuk pangwulanipun | dening kangjêng sri narapati | kalangkung pinarcaya | ing karyèng pakewuh | kinarya gêdhig manggala | kalihira asisihan lan Pênjawi | sira Ki Pamanahan ||
8. karo iku kalangkung kinathik | Ki Pênjawi lawan Pamanahan | wong tamtama lêlurahe | angrèh wong kawan atus | pêpilihan prawirèng wèsthi | samya suyud sadaya | mangkana winuwus | Pamanahan apêputra | pambayune Ki Mas Danang kang wêwangi | pinundhut ing sang nata ||
9. apan kinarya lanjarannèki | rèhning sang prabu dèrèng pêputra | pan kinarya panutane | dyan putra dumalundung | myang warnane bagus mantêsi | mirib lawan sang nata | solah-bawanipun | wanèh lan rama pribadya | sri narendra kalangkung asihirèki | mring putra Radèn Jaka ||
10. pan ingugung sakarsanirèki | tan pinalang myang rarêngganira | kadya putra satuhune | mangkana kang winuwus | pan pangeran ing Jipang mangkin | lami-lami sangsaya | agêng manahipun | alumuh seba mring Pajang | anggêguru mring Susunan Kudus mangkin | langkung sumungkêmira ||
11. kêrêp anèng ing Kudus nagari | dènnya datan arsa maring Pajang | pangran ing Jipang karsane | arsa ngêndhih kaprabun | amêngkua ing tanah Jawi | asangêt aturira | marang ing sang wiku | ulun tan sudi sebaa | marang Pajang Ratu bèbète wong cilik | ngong tan arsa nêmbaha ||
12. marang ratu ing Pajang samangkin | ngong tan ajrih [a...]
--- 1: 3 ---
[...jrih] atakêr rudira | lan Rajèng Pajang yêktine | aprang sagêndhingipun | inggih lawan Si Jaka Tingkir | Sunan Kudus ngandika | aywa gege laku | Ki Jêbèng Pajang digdaya | ing samangkya lagya winongwong ing Widhi | siranggèr narimaa ||
13. pan ingaran ngalapdho sirèki | ing pangawruh mungguh kaya sira | ki jêbèng apa ukume | Pangran Jipang umatur | ukumira dipun pêjahi | balik kang tuwan sabda | sintên wastanipun | Susunan Kudus ngandika | apa rane Prawata kakangirèki | amaro patakonan ||
14. Pangran Jipang manêmbah turnya ris | inggih gampil lamun makatêna | pun kakang Prawata mangke | Pangran Jipang gya kundur | sapraptane pakuwonnèki | nimbali kajinêman | awasta pun Rangkut | hèh Rangkut sira sun duta | lah cidranên kakang Prawata saiki | sandika Rangkut nulya ||
15. pan binêktan wangkinganirèki | agêmira Pangran Arya Jipang | Ki Rangkut lumakya age | praptèng Prawata sampun | Jêng Suhunan Prawata lagi | lênggah sêndheyan garwa | Ki Rangkut duk rawuh | Sunan Prawata ngandika | paran karya Rangkut praptamu mariki | Ki Rangkut matur nêmbah ||
16. pan ingutus ing rayinta nênggih | kinèn nyidra dhumatêng paduka | Sunan Prawata dêlinge | lah iya dèn agupuh | nanging aja ngèmbèt sirèki | ya marang garwaningwang | Rangkut gya tumanduk | narik curiga marjaya | jajanira nêrus mring garwanirèki | anjrit asru karuna ||
17. Sunan Prawata ngandika wêngis | hèh Si Rangkut pagene acidra | kêna garwaningsun kiye | sigra sinawat dhuwung | kyai bêthok Ki Rangkut kêni | tunggaking kêmbang kacang | niba nulya lampus |
--- 1: 4 ---
marma ki bêthok punika | maksih rimpil ing kêmbang kacangirèki | Sunan Prawata seda ||
18. apan sarêng kalawan kang rayi | apan lagya tilar putra tiga | ingkang jalu pêparabe | èstri warujunipun | ingkang rayi akarmiyisi | Ratu Mas Kalinyamat | mring Prawata gupuh | têtilare ingkang raka | putra alit pan sampun binêkta dening | Ratu Mas Kalinyamat ||
19. minta adil marang Kudus nênggih | dene pêjahe kadange tuwa | nênggih Sunan Prawatane | kalawan rabinipun | Pangran Kalinyamat tut wuri | praptaning ngarsanira | Jêng Susunan Kudus | têka kèndêl tan ngandika | dadya ajrih Ratu Kalinyamat mulih | anèng marga binegal ||
20. utusane Arya Jipang katri | Sunan Kalinyamat wus palastra | binêkta kundur layone | sinarèkakên sampun | ingkang rayi langkung prihatin | kapatèn kadang tuwa | nulya lakinipun | dahat rudatining driya | nimas ratu dumadya amati ragi | datan atolih wuntat ||
2. Pangkur
1. Nimas Ratu Kalinyamat | tilar wisma martapa anèng wukir | tapa wuda sinjang rambut | nèng wukir Danaraja | apratignya tan arsa tapihan ingsun | yèn tan ana adiling Hyang | ukume sadulur mami ||
2. iya lawan lakiningwang | kang pinatèn Si Arya Jipang iki | yèn orantuk walês ingsun | cidrane Si Panangsang | kunêng ingkang martapa malih winuwus | Pangeran Arya Panangsang | gêgala jinêmannèki ||
3. sakawan samya prawira | datan kewran ing agal miwah rêmit | dhasar samya têguh timbul | wus tautate tatal | asring pinèt sraya amatèni satru |
--- 1: 5 ---
kêkês prawirèng bang wetan | dening kasêktènirèki ||
4. Pangeran Arya Panangsang | angandika marang jinêmannèki | sima sun jaluk kayamu | sira lakua dhustha | lah cidranên suntal[3] Pajang dipun lampus | lamun sira antuk karya | sun ganjar dadya bupati ||
5. Setan Kobêr tamakêna | tur sandika jinêman catur nuli | dhuwung tinampanan sampun | mêsat catur caraka | tan winarni lampahira prapta sampun | sajawining kutha Pajang | anamur dènira manjing ||
6. nunut amor wong jro pura | kongsi tigang dina lêbêtirèki | duk samana têngah dalu | malumpat pagêr bata | lêbêtira marang sajroning kadhatun | tan ana janma kang wikan | wus prapta sajroning puri ||
7. amatak sêsirêpira | ingkang mêlèk datan ana udani | anjajah jroning kadhatun | mring tilame jêng sultan | kang sawiji nèng jawi rumêksèng kewuh | kang tiga mring pasarean | wus tumama sirêpnèki ||
8. kangjêng sultan wus anendra | nanging durung kapati dènnya guling | dadya momor api turu | nèng ngandhap nunggil lawan | para cèthi anyarèhkên napasipun | lan nganti sri naradipa | kapatine dènnya guling ||
9. Ki Pênjawi Pamanahan | samya langkung marang sajroning puri | krasa sumêlang tyasipun | kalihira mangkana | myang swaraning bênce têkak kolikipun | jinajah sajroning pura | kang tungguk prasamya guling ||
10. samya ngungak pasarean | duratmaka kang tiga sampun manjing | adangu panjêjêpipun | sultan kapati nendra | duratmaka sigra miyak samiripun | narik curiga anjangkah | panuduke wanti-wanti ||
11. kasangsang kêmul kewala [ke...]
--- 1: 6 ---
[...wala] | eca sare sang nata dèn suduki | lir lalêr mencok ing kêmul | singêbe datan pasah | para garwa prasamya kagyat andulu | sang nata kang pinarjaya | tinarka sampun ngêmasi ||
12. pra garwa anjrit karuna | sri narendra wungu dènira guling | kagyat nulya sèlèh kêmul | anyabêt duratmaka | katri rubuh kasabêt ing singêb kampuh | andhoko nuntak ludira | gêrêng-gêrêng ting karêmpis ||
13. ingkang manganti ing jaba | amiyarsa jro pura ting jalêrit | duk mangkat arsa têtulung | tinubruk saking wuntat | wus kacêkêl lajêng binănda andhingkul | Ki Panjawi Pamanahan | samya malêbèng jro puri ||
14. sri narendra wus pinarak | aningali Pamanahan Pênjawi | ngandika lah iku pandung | lah padha takonana | wong ing ngêndi lawan apa sêdyanipun | Pamanahan matur nêmbah | sampun kacêpêng satunggil ||
15. katur mulabukanira | langkung ngungun miyarsa sri bupati | dinangu aturing pandung | kalamun tiyang Jipang | Singaprana Wanènggati Jaka Satru | satunggile Kartijaya | sang nata ngandika aris ||
16. iku padha wêtokêna | sun apura kabèh sadosanèki | pan iku samya ingutus | malah ginanjar êmas | anyêtail lawan reyalira nyatus | aywa kongsi kawêruhan | iya mring wadya kang jagi ||
17. wus samya tinundhung mêdal | mari lumpuh sukèng tyas awotsari | Setan Kobêr dhuwungipun | ingaturkên saksana | marang Kyai Pamanahan ciptanipun | panêbase [panêba...]
--- 1: 7 ---
[...se] uripira | dhuwung wus tinampan aglis ||
18. sapraptanira ing jaba | duratmaka wus lajêng kinèn mulih | ing marga datan winuwus | sampun prapta ing Jipang | sampun katur ing tiwase lampahipun | pangeran ngungun miyarsa | iya luput saking mami ||
19. sun dhewe benjang tumandang | kunêng Jipang ing Pajang kang winarni | saya arja prajanipun | murah sandhang lan pangan | eca tyase wadya lit miwah ing dhusun | bengkas sagung doracara | karoban sri natèng aji ||
3. Sinom
1. kèringan ing parangmuka | samana sri narapati | ing Pajang sampun pêputra | catur kang tiga pawèstri | priya namung satunggil | kang dadya lanjaranipun | Radèn Bagus punika | kang dadya panutannèki | pambayune Ratu Mas Rêtnaningpura ||
2. arine malih wanodya | Sang Rêtna Kancanawangi | sumêndhinira anama | Kusuma Sêkaringpuri | dèrèng diwasa sami | sakawan sih timur-timur | mung Radèn Bagus ika | pan sampun jinunjung linggih | nama Radèn Angabèi Loringpasar ||
3. kunêng malih winursita | pangeran ing Jipang mangkin | wus lami dènnya siyaga | sakapraboning ajurit | budhal saking nagari | sawadyanya praptèng Kudus | arsa mukul ing yuda | marang ing Pajang nagari | dahat saking lumuh kabawah ing Pajang ||
4. Arya Jipang marêk marang | Sunan Kudus matur aris | putra paduka ing Pajang | punika tuwan timbali | marang ing Kudus mangkin | kawula arsa pêpangguh | sayêkti lamun prapta | yèn paduka kang nimbali | sêngadia pagunêman ngèlmu rasa ||
5. asangêt [a...]
--- 1: 8 ---
[...sangêt] atur kawula | Sunan Kudus anuruti | gya anuduh dasihira | pan sarwi binêktan tulis | ing marga tan winarni | nagari Pajang wus rawuh | katur ing sri narendra | lamun wontên duta prapti | saking Kudus sigra kinèn nimbalana ||
6. gya ingirid kyana patya | prapta ngaturakên tulis | wus tinampan sri narendra | binuka sinuksmèng galih | kadriya raosnèki | sultan gya kundur ngadhatun | ginarbêg pra biyada | sapraptanirèng jro puri | sri narendra pinêthukkên para garwa ||
7. sri narendra wus alênggah | animbali kyana patih | myang Wuragil Wilamarta | Pamanahan lan Pênjawi | kang dinuta gya mijil | lan kya patih wus apangguh | tuwin katri punggawa | wus samya kerid mring puri | pan sadaya wus prapta byantara nata ||
8. mabukuh konjêm ing kisma | sang nata ngandika aris | hèh ta patih kayaparan | surate sang maha yêkti | pan ingsun dèn timbali | kinarsakkên gunêm ngèlmu | undhanga kancanira | sun arsa budhal tumuli | Pamanahan nêmbah aris aturira ||
9. dhuh pukulun sri narendra | punika anyalawadi | inggih watawis kawula | botên sakeca ing galih | kados sêrat puniki | tunggilipun pandung dalu | botên kenging linămba | prayogi dèn prayitnani | asanengga kaprabonirèng ayuda ||
10. sang nata garjitèng driya | pangandikanira aris | iya bênêr ciptanira | sun rasa anyalawadi | kya patih matur aris | inggih saèstu kadyèku | surate sang pandhita | kados pandamêlirèki | pun Pangeran Arya Panangsang ing Jipang ||
--- 1: 9 ---
11. sang nata malih ngandika | lamun lumakua mami | anggawa kapraboning prang | sayêkti ngêgèt-êgèti | panggalihe sang yogi | nora kaya sabênipun | kya patih matur nêmbah | paduka budhal rumiyin | lêlancaran lawan sawatawis wadya ||
12. inggih pinilih kewala | ingkang samya sura sêkti | prajurit lêbêt punika | pinêthik ingkang winani | sampun angatawisi | amunga wong kalih èwu | katingal rêrikatan | tinimbalan guru yêkti | inggih sampun katawis prayitnanira ||
13. kawula susul kewala | anindhihi pra dipati | lawan prajurit sadaya | de kagungan dalêm èsthi | sarêng kawula nênggih | lawan kapraboning pupuh | sukèng tyas sri narendra | iya mangkono prayogi | nuli sira undhanga mring wadyabala ||
14. rêkyana patih gya mêdal | angundhangi pra dipati | duk samana sri narendra | wus ngrasuk busana adi | wadya sampun miranti | pêpilihan kawan èwu | kang măngka tindhihira | Pamanahan lan Pênjawi | sira Radèn Angabèi Loringpasar ||
15. datan têbih lampahira | kalawan sri narapati | samana pan sampun budhal | duta ing Kudus kinanthi | rikat lampahirèki | gumarêdêg sri dinulu | ing marga tan winarna | wus praptèng Kudus nagari | wadya kinèn malêbu atur uninga ||
16. sang nata sawadyanira | kèndêl sajawining kori | anganti ingkang timbalan | tansah prayitna ing batin | Pamanahan Pênjawi | tan têbih lawan sang prabu | myang Radèn Loringpasar | para prawira miranti | pan sadaya anyuriga [anyu...]
--- 1: 10 ---
[...riga] dhuwungira ||
17. para prawira tamtama | angumpul dènira linggih | ya ta wau kang dinuta | atur uninga sang yogi | sampun prapta ngarsaning | Sunan Kudus lagya lungguh | lawan Arya Panangsang | duta umatur wotsari | putra tuwan Sang Natèng Pajang wus prapta ||
18. kèndêl nèng pasowan jaba | lancaran lampahirèki | sangêt gitanirèng driya | tan mawi bêkta prajurit | kaprabonirèng aji | gêgancangan lampahipun | mèsêm Pangeran Jipang | tur sêmbah anulya mijil | apan sarwi ngêncêngi paningsêtira ||
19. ciptane Pangeran Arya | Panangsang mêngko sang aji | ing Pajang ginoco tatas | kalawan dhuwungirèki | sapraptanirèng jawi | panggih sêsalaman gupuh | sawusnya tata lênggah | tan têbih lawan sang aji | Pangran Arya Panangsang aris turira ||
20. kang tuwan agêm punika | inggih wangkingan kang pundi | kawula nuwun uninga | sang nata têka agampil | gya pinaringkên nuli | amung curiganya kantun | gya tinampan mring pangran | wangkingan nulya tinarik | kakang prabu punapa ampuh punika ||
21. Ki Pênjawi Pamanahan | samya ngingêr krisirèki | asasmita mring jêng sultan | wêntise kiwa jinawil | sultan gya narik aglis | curiganira Ki Crubuk | sarya sru angandika | adhi tan kadya puniki | Si Carubuk ampuhe kagila-gila ||
22. samya angliga kalihnya | Sunan Kudus sigra mijil | lah iki arsa punapa | wong agung kaya bêlantik | padha sarungna aglis | saru tinonton ing wadu | gya sinarungkên samya | Pangeran Jipang [Ji...]
--- 1: 11 ---
[...pang] ngling aris | kurang thithik bae ingsun karya răndha ||
23. jêng sultan mangsuli sabda | ingsun iya kurang thithik | awèh pakan pêksi gagak | samana Radèn Ngabèi | Loringpasar miyarsi | ujar tan eca rinungu | lir sinêbit karnanya | anggigit wajanirèki | gung pinandêng solahe Arya Panangsang ||
24. angunadika ing driya | nora gêjamak wong iki | kaya wong lanang priyăngga | tan ana ingkang kinèring | ngong mamah kupingnèki | yèn aywa nèng ngarsanipun | Sunan Kudus punika | sang pandhita ngandika ris | dèn aririh aywana saru ing ujar ||
25. payo padha pagunêman | surasaning ngèlmu gaib | mupung nuju apêpanggya | anulya saosan mijil | kinèn dhahara sami | nèng ngarsane Sunan Kudus | anutug dènnya nadhah | wusnya linorod mring wuri | wus binagi marang wadyabalanira ||
26. sawusira sami nadhah | pamit amakuwon sami | ing antara tigang dina | praptanira Kyana Patih | Măncanagara nênggih | angirid punggawanipun | para mantri satriya | sarta kapraboning jurit | tigang lêksa wadya dharat myang turăngga ||
27. kajawine pra dipatya | măncanagara pasisir | gumrêdêg tanpa wilangan | samana sri narapati | ngalih pakuwonnèki | marang bumi Dêmak sampun | ing dhusun Pajungutan | lor wetaning kutha nênggih | ambalabar wadya punggawa ing Pajang ||
28. wadyane Ki Pamanahan | wong ing Sela kathah prapti | apan samya winangsitan | sanengga kaprabon jurit | mangkana sri bupati | karsa tinjo kang bak ayu | mring wukir Danaraja | lawan sawadyanirèki | gumarêdêg wus praptèng patapanira ||
29. Nimas Ratu Kalinyamat |
--- 1: 12 ---
samana sri narapati | duk tumingal ingkang raka | dèrèng luwar dènnya tapi | sangêt ngunguning galih | dènnya maksih sinjang rambut | kang rayi aris turnya | kakang bok luwara nuli | angandika Nimas Ratu Kalinyamat ||
30. ing benjang manira luwar | yèn wus ana kang nanggupi | matèni Si Arya Jipang | yèn durung tan arsa tapih | sanadyan praptèng pati | ingkang rayi aris matur | inggih kang bok luwara | kawula ingkang nyagahi | lawan nuli kundura mring Kalinyamat ||
31. nimas ratu angandika | lamun sira wus nanggupi | ingsun luwar tapaningwang | ing mêngko ngong nganggo tapih | naming saguhirèki | dèn nuli kalakonipun | mas ratu gya sinjangan | kang rayi nulya ngabêkti | Ki Pênjawi Pamanahan milya nêmbah ||
32. kang raka malih ngandika | yèn ingsun sira kon mulih | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | Pamanahan Pênjawi | angatêrna lakuningsun | inggih dhatêng sumăngga | sang nata nolih ing wuri | lah ki raka Pênjawi andhèrèkêna ||
33. kang liningan tur sandika | anulya umangkat nuli | andhèrèk mring Kalinyamat | ing marga datan winarni | ya ta sri narapati | kundur mring pakuwonipun | nimbali kyana patya | lan sagung para bupati | agêng alit supênuh kadya sarkara ||
4. Dhandhanggula
1. pêpak samya sumiwèng ngarsa ji | pra bupati tinari sadaya | kang saguh matèni mangke | mring Arya Jipang iku | ingkang pêksa anglêlanangi | yèn mati Arya Jipang | sayêmbaraningsun | pan ingsun ganjar nagara | ing Mantaram iya kalawan ing Pathi | kalamun olèh karya ||
2. iya apa panjalukirèki [panjaluki...]
--- 1: 13 ---
[...rèki] | duk samana punggawa ing Jipang | kang samya tinari kabèh | tan wontên ingkang purun | ananggupi dhawuhing aji | awit Ki Arya Jipang | pan sampun misuwur | kaprawiraning ayuda | tanpa tandhing tautate tatal wani | kasab lêmbut tan kewran ||
3. kongsi lami tan ana nanggupi | ya ta Ki Pênjawi Pamanahan | katri kalawan ipene | sira Kiyai Juru | nèng pakuwon rêmbagan sami | ing sayêmbaranira | kangjêng sultan wau | katrinya angrasa wirang | de sadaya tan ana ingkang nanggupi | matèni Arya Jipang ||
4. Kyai Juru angandika aris | iku sayêmbarane jêng sultan | iya gêdhe ganjarane | eman nagri ro iku | ing Mantaram lawan ing Pathi | lah sira sanggupana | sayêmbara iku | amatèni Arya Jipang | wus sêdhênge toh pati ngrêbut nagari | wus jamaking prawira ||
5. Ki Pênjawi Pamanahan angling | sarwi angguguk ing gujêngira | dene agampang ki ipe | pintên suwene sanggup | kalakone nora pinikir | wong Jipang sugih bala | pan salêksa langkung | sadaya sami prawira | Ki Pênjawi aris dènira nauri | inggih lêrês ki raka ||
6. mila wadyèng Pajang samya ajrih | datan ana ingkang nanggupana | Si Jipang abot sanggane | Ki Pamanahan muwus | lamun tandhing padha sawiji | manira nora wêgah | ing sagêndhingipun | milane Jipang kèringan | prajurite akathah tur bêcik-bêcik | mila wrat yudanira ||
7. Kyai Juru gumujêng nauri | lêga têmên rasane tyas ingwang | yèn sira kaduga mangke | gampang paekanipun | pan wong wantêr gone ngakali | mrih kêna pinaeka | yèn sira wus saguh | mêngko [mêng...]
--- 1: 14 ---
[...ko] ngong kang golèk nalar | iya iku nuli sanggupana aglis | sayêmbarane sultan ||
8. padha ngêrig kulawarga sami | tuwin kadang ingkang anèng Sela | akèh yèn ngalumpuk kabèh | benjang kalamun campuh | iya ingsun ingkang botohi | nadyan akèh kêdhika | wong aprang puniku | yèn patitis botohira | dèn pitaya maring sun tan wurung benjing | patine Arya Jipang ||
9. apan ingsun iya wus udani | watêkane Si Arya Panangsang | kaduk wantêr bèr kawanèn | tanpa wêweka iku | yèn tinantang sawanci-wanci | isin lamun wêdia | nadyan kinarubut | saking bantêre tyasira | apa sira wêdi tandhing padha siji | lawan Si Arya Jipang ||
10. lamun ngadu prajuritirèki | Arya Jipang abot sangganira | ènthèng lamun padha ijèn | ya ta wus sami rêmbug | wong têtiga anunggal kapti | Pênjawi aris ngucap | iya kakang Juru | manira nut karsanira | ingsun lawan ki raka darma nglakoni | ya marang pakonira ||
11. lamun sira ingkang ambotohi | ngong tan ajrih lawan Arya Jipang | Ki Juru aris wuwuse | iya ing besuk esuk | lamun sultan miyos tinangkil | padha sira pepea | nèng waringin kurung | ya ta kawarnaa enjang | Sultan Pajang samana miyos tinangkil | supênuh ingkang seba ||
12. sri narendra lênggah ing sitinggil | maksih andugèkkên pangandika | gung anari punggawane | ya sapa ingkang sanggup | wadyaningsun gêdhe myang cilik | matèni Arya Jipang | pra punggawa matur | anyaoskên pêjah gêsang | pan sadaya datan wontên kang nyagahi | amungsuh Arya Jipang ||
13. tigang pandurat tan [ta...]
--- 1: 15 ---
[...n] kêna angling | Sultan Pajang kèmêngan tyasira | sapa kang sun andêlake | de kabèh wadyaningsun | datan ana ingkang nanggupi | matèni Arya Jipang | jrih kadigbyanipun | apa kalakon wak ingwang | anindaki dhewe mring Jipang kadyèki | samana sri narendra ||
14. garjitèng tyas dènnya aningali | ana wong pepe nèng wringin kêmbar | kalangkung sukèng driyane | wus dinuga ing kalbu | yèn wong mangsuk sayêmbarèki | gya kinèn nimbalana | mentar kang tinuduh | prapta ing waringin kêmbar | panggih lawan Juru Manahan Pênjawi | gya ingirit katrinya ||
15. praptèng ngarsa samya atur bêkti | angandika Kangjêng Sultan Pajang | mring Juru Pamanahane | dingarèn kaki Juru | dene têka pepe wong katri | paran ta karsanira | matura maring sun | Pamanahan aturira | apan inggih kawula ingkang nyagahi | sayêmbara sang nata ||
16. sri narendra suka ngandika ris | iya sukur sira ingkang sagah | tan kaliya ganjarane | sokur wani sirèku | lan Si Arya Jipang prang tandhing | matur Ki Pamanahan | pangèstu sang prabu | anglawan pun Arya Jipang | inggih singa tiwas yèn sami satunggil | angabên kaprawiran ||
17. Sultan Pajang langkung sukèng galih | sawusira gya kundur ngadhatyan | bubar kang sewaka kabèh | wau ta kang winuwus | Pamanahan lawan Pênjawi | samya apagunêman | kalawan Ki Juru | rêmbag tumuli bidhalan | katrinira wus samya golong ing galih | datan nêdya mundura ||
5. Durma
1. enjangira Kyai Juru Pamanahan | kalawan Ki Pênjawi | wus samya siyaga | kapraboning ayuda | Ki Juru kang mugarèni | kulawarganya | wus kathah ingkang prapti ||
2. wong ing Sela gêng alit kathah kang prapta |
--- 1: 16 ---
sikêp kaprabon jurit | dharat myang turăngga | anggili praptanira | gêdhe cilik kêrig lampit | sabaya pêjah | anggrêgut solahnèki ||
3. gumarêdêg lampahe agêgolongan | kang putra anèng wuri | Dyan Bèi Lorpasar | nitih turăngga rêkta | pantês busananirèki | nindhihi wadya | ingkang samya sinêlir ||
4. lampahing kang wadya pan kadya wong dagang | pikulan anèng ngarsi | pinrih ywa katara | karya samaring lampah | landhehanira kinardi | mikul babêktan | tindhih nèng wuri têbih ||
5. tan winarna ing marga lampahe prapta | sakilèning bênawi | amakuwon samya | wadya karya pondhokan | tumruntun barisnya prapti | ngumpul atata | anèng pakuwon sami ||
6. myang prawira tamtama kang samya trêsna | kèh nusul prapta icir | arsa labuh jiwa | marang Ki Pamanahan | kawan dasa winatawis | samya prawira | sarêng lampahirèki ||
7. lawan Radèn Angabèi Loringpasar | gumrêdêg lampahnèki | wus praptèng pondhokan | sakilèning bangawan | kali Sore wastanèki | suruping surya | kèndêl alêrêp sami ||
8. nèng pakuwon Ki Pênjawi Pamanahan | samya agunêm kawis | lan Ki Juru ika | tanapi ingkang putra | sira Rahadèn Ngabèi | Saloringpasar | Ki Juru ngandika ris ||
9. kayaparan kabèh mêngko pikirira | Pênjawi matur aris | inggih benjang enjang | angadhang wong ing Jipang | anyêpêng tiyang satunggil | binêktan surat | dimèn ginawa mulih ||
10. ingaturkên nênggih mring bêndaranira | wus rêmbag ya ta enjing | nuduh wadyanira | angadhang wong ing Jipang | tan dangu ana kaèksi | pakathik Jipang | pan lagya mêntas ngarit ||
--- 1: 17 ---
11. gya cinêkêl binêkta mring pamondhokan | kupingira sasisih | pinêrung ing pêdhang | sisih sinungan layang | sawusnya tinundhung mulih | sira matura | marang lurahirèki ||
12. lawan iku layang ingsun aturêna | mring Arya Jipang nuli | pêkathik anulya | lumayu gêgancangan | samarga akuthah gêtih | saking kupingnya | tan winarna ing margi ||
13. lampahira wus prapta nagari Jipang | nèng jroning kitha sami | kagyat kang tumingal | mring pêkathik lampahnya | dene têka kuthah gêtih | kêkalung layang | kupinge pêrung sisih ||
14. sampun katur marang Kyana Patih Jipang | pêkathik dèn timbali | wus praptèng ngayunan | dinangu aturira | miwiti malah mêkasi | sêrat binuka | marang sira apatih ||
15. Ki Tumênggung Mataun kalangkung duka | wusnya suratirèki | gya binêkta arsa | ngaturkên gustinira | gupuh-gupuh lampahnèki | praptèng ngayunan | mabukuh mundhi tulis ||
16. Arya Jipang samana pan lagya dhahar | kagyat sarêng ningali | yèn patihnya seba | bukuh konjêm ing kisma | pan sarwi amundhi tulis | Arya Panangsang | asru dènira angling ||
17. bapa patih paran ana karyanira | matura aywa wêdi | ya ta kyana patya | umatur sarwi nêmbah | kawula anuwun runtik | dene paduka | pan inggih sawêg bukti ||
18. Arya Jipang aris dènira ngandika | têka matura nuli | aywa walangdriya | apan wus sun apura | iya saluputirèki | ngong sêlak arsa | myarsa aturirèki ||
19. Ki Tumênggung Mataun gya matur nêmbah | kawula tur udani | yèn gêbal paduka | pêkathik katiwasan | pinêrung kupingirèki | kêkalung sêrat | punika ingkang tulis ||
20. asta têngên apan maksih ngêpêl [ngêpê...]
--- 1: 18 ---
[...l] sêga | kang kiwa anampani | surat gya binuka | sinukma ing wardaya | surasane ponang tulis | tunggul panantang | bêbukanirèng ngarsi ||
21. Arya Jipang lamun sira nyata lanang | mêtua ingajurit | sira anabranga | ing kali Sore agya | samêngko ingsun antèni | dudu satriya | yèn sira tan nêkani ||
22. lir sinêbit talingane Arya Jipang | myarsa unining tulis | asru angandika | mring abdi gamêl ika | kinèn ngambili turanggi | si gagakrimang | kêpêlira binanting ||
23. tibèng panjang ambêngira rêmuk sigar | saking srunirèng runtik | salami manira | durung tau tinantang | gya luwaran dènnya bukti | pun gagakrimang | wus sumaos ing ngarsi ||
24. ngadêg saking palênggahan sigra nyandhak | lawungira pinandhi | praptèng palataran | sigra nitih turăngga | gagakrimang cinamêthi | mamprung lir kilat | panandêre kêpati ||
25. kadya mimis bundêr lir tan ngambah lêmah | sumripit kadya thathit | tan nganti wadyanya | saking wantêring driya | bêbêg dening bèr kawanin | punggawanira | gugup samya nututi ||
26. panandêre gagakrimang kadya kilat | Arya Jipang wus prapti | sawetan bangawan | Sore katon gumawang | wong Pajang samya ningali | yèn Arya Jipang | nandêr prapta pribadi ||
27. wong ing Pajang ing Sela prasamya surak | tindhihira nèng ngarsi | prawira tamtama | samya prawirèng yuda | mapankên gamanirèki | Sang Arya Jipang | mèsêm tan paja miris ||
28. sru sêsumbar Pangeran Arya Panangsang | rêbutên ing ajurit | lah payo wong Pajang | padha barênga mara | sira anantang mring mami | payo nabranga | marang wetan bênawi ||
29. wong ing Pajang nauri sira nabranga | mangulon sun tadhahi | tan bêtah miyarsa | sira Arya Panangsang | talingannya lir sinêbit [sinê...]
--- 1: 19 ---
[...bit] | Sang Arya Jipang | kudane dèn camêthi ||
30. tan antara turăngga gêbyur ing toya | gagakrimang anglangi | suka wadya Pajang | wruh Arya Jipang nabrang | sapraptanira ing pinggir | wadya tamtama | angrubut ngrampog wani ||
31. Arya Jipang wus mêntas saking bêngawan | wong Sela anadhahi | lawan wong tamtama | rinampog Arya Jipang | sinosog ing ngarsa wuri | tatu lêmpèngnya | jaringanira mijil ||
32. tan rinasa malah sinampirkên marang | sarungan ususnèki | lan ngamuk manêngah | tan kandhêg amarjaya | wong ing Pajang anadhahi | sami sarosa | riwut awuru gêtih ||
33. Arya Jipang ngamuk lir banthèng katawan | singa katrajang ngisis | tan mulat ing ngarsa | mêrêm pangamukira | wong Pajang kathah ngêmasi | piyak ing ngarsa | ing wuri anangkêpi ||
34. kadya Abimanyu rinêbut Kurawa | Sang Arya solahnèki | wong Pajang myang Sela | kathah longe kang pêjah | nanging tan ana ngunduri | dènnya tumingal | mungsuhe mung sawiji ||
35. ya ta wau Dyan Ngabèi Loringpasar | awas dènnya ningali | wadyanya kèh pêjah | ingamuk Arya Jipang | sigra Rahadèn Ngabèi | mangsah ing rana | têtulung ing wadya lit ||
36. Ki Palèrèd pinandhi sigra manêngah | anitih turanggèstri | wus ayun-ayunan | lawan Ki Arya Jipang | lantaran lawungirèki | samya prawira | rame ungkih-ingungkih ||
37. kudanira Ki Arya pun gagakrimang | duk mulat kuda èstri | ambêkèr gambira | malang megung anujah | lir dênawa ngolang-aling | bigar sarosa | solahe angajrihi ||
38. Arya Jipang nadya[4] kidhung pangulahnya | marang lawungirèki | siniwo ing kanan | kalimpe linarihan |
--- 1: 20 ---
marang Rahadèn Ngabèi | saking dharatan | kêna jajanirèki ||
39. kaprawasa tatas têrus ing walikat | rosane kang nglarihi | narajang ing tulang | andrês ludiranira | arsa malês tan ngudhili | Sang Arya Jipang | wus tumêka ing têkdir ||
40. datan mindho niba saking kudanira | sang arya angêmasi | suka wadya Pajang | sang arya kuwandanya | apan sampun dèn bêciki | mring wadya Sela | ya ta Radèn Ngabèi ||
41. Loringpasar ngungun miyat waosira | Kyai Palèrèd gêmpil | ing pucuk watara | ana satugêl bêras | langkung gêgêtuning galih | tuhu prawira | Si Arya Jipang iki ||
42. Ki Tumênggung Mataun mangsah ing yuda | sêdya bela ing gusti | angamuk manêngah | tinadhahan ing kathah | ki tumênggung wus ngêmasi | murda tinigas | anèng madyaning jurit ||
43. gya pinanjêr anèng pinggiring bangawan | punggawanya gêng alit | ing Jipang kèh prapta | muntab ngêbêki papan | sang arya sedanirèki | pan sinêngkalan | wiku sapta hèr nabi |[5]|
44. wadyanira ing Jipang tanpa wilangan | nanging sadaya sami | kandhêg lampahira | anèng wetan bêngawan | duk myarsa gustine lalis | wadya ing Jipang | tyasira samya kingkin ||
6. Asmaradana
1. sira Rahadèn Ngabèi | Loringpasar asêsumbar | astane angawe-awe | hèh wong Jipang kawruhana | gustimu wus palastra | utawa pêpatihipun | iya wis padha palastra ||
2. sun panjêr sirahirèki | anèng pinggiring bangawan | apa karêpira mangke | yèn sira pêksa manglawan | abela gustinira | payo nabranga sadarum [sadaru...]
--- 1: 21 ---
[...m] | marang kuloning bêngawan ||
3. sagêndhingmu sun tadhahi | samana wadya ing Jipang | sadaya kêkês manahe | rinasa datan kawawa | yèn lawana ing yuda | de gustine wus kasambut | wus rêmbug sadayanira ||
4. gya nabrang bangawan sarwi | anggulung banderanira | nungkul ambongkok waose | wus tinampan wadya Pajang | wong Jipang panungkulnya | Kyai Juru nulya kundur | sawadyane masanggrahan ||
5. wus prapta pakuwon sami | Kyai Juru angandika | mring Manahan Pênjawine | paran mêngko rêmbugira | de wus rampung ing karya | ingkang liningan umatur | sumăngga karsa paduka ||
6. kawula darmi nglampahi | punapa ing rèh paduka | Ki Juru ngandika alon | patine Si Arya Jipang | sutanta kang marjaya | yèn sira matura tuhu | iya marang kangjêng sultan ||
7. kalamun putranirèki | Si Ngabèi Loringpasar | iya ingkang olèh gawe | amatèni Arya Jipang | sêtun ganjaranira | arta busana kang luhung | iku watara manira ||
8. ya nora antuk nagari | dene ta kalamun sira | ingkang ngakoni wong roro | kang matèni Arya Jipang | pasthi tămpa ganjaran | kang dadi ubayanipun | ing Pathi lawan Mataram ||
9. pan inggih lêrês kadyèki | lah yayi aja sulaya | benjang ingaku wong roro | patine Si Arya Jipang | saking sira lan ingwang | kang rayi pan sampun rêmbug | Ki Juru pratikêlira ||
10. tuwin Rahadèn Ngabèi | Loringpasar tan suwala | ingkang rama pratikêle | ginalih sampun prayoga | kang dadya rêmbagira | ingkang rama katrinipun | badhe aturnya mring
--- 1: 22 ---
sultan ||
11. ya ta enjangira nuli | budhal saking pasanggrahan | gumarêdêg sabalane | wong Jipang lawan ing Pajang | asarêng lampahira | wus dadya sawiji ngumpul | utawa wadya ing Sela ||
12. sri tinon lampahing baris | neka busananing wadya | tanpa wilangan kathahe | ing marga datan winarna | siyang dalu lumampah | samana pan sampun rawuh | talatah nagari Pajang ||
13. lajêng lampahira manjing | nagara ya ta jêng sultan | nuju siniwèng wadyane | Ki Juru Pênjawi lawan | Kiyai Pamanahan | prapta umarêg sang prabu | wus katur sasolahira ||
14. Ki Panjawi matur aris | gusti punika katura | Arya Panangsang lawunge | kang kinarya magut ing prang | lan dhuwung sakêmbaran | nguni kang kinarya ngamuk | kaatura padukendra ||
15. sang nata ngandika aris | inggih ki raka andika | ingkang angêntasi gawe | nagri Pathi tampanana | dadya ganjaranira | dene ki raka kang sêpuh | gênti ing benjang kewala ||
16. wusnya ngandika sang aji | nulya kundur angadhatyan | ginarêbêg pawongane | Ki Pênjawi sukèng driya | de wus angsal ganjaran | kalawan jinunjung lungguh | Ki Agêng ing Pathi ika ||
17. apan nagara ing Pathi | cacahing karya salêksa | Ki Panjawi suka tyase | kalangkung mukti wibawa | mung Kyai Pamanahan | kalangkung susahing kalbu | dèrèng nampèni ganjaran ||
18. apan nagri ing Matawis | kang badhe ganjaranira | nging dèrèng pinaringake | marang Kyai Pamanahan | pan maksih sinêmayan | langkung dènnya ngayun-ayun | sira Kyai Pamanahan ||
19. Ki
--- 1: 23 ---
Juru amituturi | sabarêna karsanira | manawa durung wêktune | ing saiki bêgjanira | dèn narima kewala | pandugaku nora wurung | mokal lamun ratu cidra ||
20. pan sampun antara lami | durung ana wartanira | mulunging galih sang katong | tyasira Ki Pamanahan | sangsaya drênging karsa | têtela cidra sang prabu | samana Ki Pamanahan ||
21. gya kesah saking nagari | sakalangkung wirangira | dadya anglalu manahe | apan arsa adhêdhêkah | tapa amati raga | ing Sêkarlampir jinujug | pribadi tan mawi rowang ||
22. sapraptaning Kêmbanglampir | nèng ngriku lajêng dhêdhêkah | sangêt amati ragane | wirang kalamun sebaa | marang Jêng Sultan Pajang | èngêt cidrane sang prabu | pinilaur adhêdhêkah ||
23. kunêng gantya kang winarni | jêng sunan ing Kalijaga | datan samar paningale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah | anulya tumêdhak gupuh | têtinjo Ki Pamanahan ||
24. sakêdhap praptèng Banglampir | kagyat Kyai Pamanahan | myat Sunan Kali praptane | kalangkung asrêp ing driya | mabukuh anèng ngarsa | amba tan susah umatur | tuwan măngsa kilapana ||
25. Sunan Kali ngandika ris | ya pagene kaki sira | têka dhêdhukuh nèng kene | apa kang dadi tyasira | dene ta ratunira | lawan sira tunggal guru | têka sumingkir nèng desa ||
26. Pamanahan matur aris | kawula anuwun duka | mangkya putranta sang katong | amaleca ing ubaya | inggih dhatêng kawula | yêkti tan rêna tyas ulun | angawula ratu cidra ||
27. mèsêm Jêng Susunan Kali | dumadya aris ngandika | lah wus aywa winiraos |
--- 1: 24 ---
iya manira wus wikan | marang ing karêpira | piturutên karsaningsun | ingsun panggihakên sira ||
28. pribadi lawan sang aji | aywa sumêlang tyasira | mêngko ingsun sulangake | karsanira Sultan Pajang | kalamun tan prayoga | iya manira kang matut | aja sira walangdriya ||
29. alah payo nuli mulih | marang nagara ing Pajang | sira katêmua dhewe | wus kerid Ki Pamanahan | mring Sunan Kalijaga | ing marga datan winuwus | wus prapta nagari Pajang ||
30. anjujug ing dalêm puri | dumrojog tanpa larapan | sapraptanirèng kadhaton | jêng sultan kagyat tumingal | praptane Jêng Suhunan | Kalijaga sang aprabu | tur sêmbah atur pambagya ||
31. wusnya tata lênggah sami | Sunan Kali angandika | iya praptaningsun kene | manira miyarsa warta | ing sayêmbaranira | Si Panangsang patinipun | sira gantungi ganjaran ||
32. ing Mataram lan ing Pathi | kang sawiji wus kalakyan | mring Pênjawi ganjarane | mung rakanta Pamanahan | kang durung nampanana | apan iku ubayamu | tumuli lêksananana ||
33. aywa maleca ing jangji | anggêmpalake darajad | yèn ratu cidra ujare | Sultan Pajang matur nêmbah | alêrês sabda tuwan | ngong tan nêdya cidrèng wuwus | saking pangangkah kawula ||
34. de nagri Mataram mangkin | maksih risak kadya wana | sanadyan ngong paringake | ing benjang yèn sampun rêja | yèn kakang Pamanahan | kasêsa ing manahipun | mintaa sanèsing praja ||
35. inggih kawula paringi | Sunan Kali malih nabda | lah iya aywa mangkono | karana sira wus sagah | nadyan gêmah rusaka | ya nuli paringna gupuh |
--- 1: 25 ---
ywa pakewuh roning kamal ||
7. Sinom
1. dangu tan sagêd ngandika | sultan kèmêngan ing galih | arsa datan ingaturna | kang dadya raosing galih | dadya cidra ing batin | sayêkti ajrih mring guru | dadya matur anêmbah | dhuh inggih sang maha yêkti | pramilane makatên atur kawula ||
2. pan inggih wirayatira | saking Jêng Susunan Giri | ing nagri Mataram benjang | wontên jumênêng narpati | amêngku tanah Jawi | Sunan Kali ngandika rum | lah iya jêbèng Pajang | sanadyan mangkono gampil | kon prasêtya kakangira Pamanahan ||
3. sira kulup Pamanahan | prasêtyaa sun èstrèni | kang liningan matur nêmbah | inggih sandika sang yogi | amba tuwan saidi | kalamun darbea kayun | arsa jumênêng nata | wontên nagari Matawis | pan kawula sampun amanggih raharja ||
4. kalamun darbea cipta | kadya mangkana wak mami | utawi nêdya ngêndhiha | karaton ing Pajang mangkin | sumăngga awak mami | pêjah gêsang ulun katur | sintên ingkang wikana | lêlampahanirèng wuri | langkung aib karsane Sang Murbèng Jagad ||
5. susunan ing Kalijaga | mèsêm angandika aris | iya bênêr ujarira | datan ana ingkang sisip | Sultan Pajang miyarsi | kalangkung lêga ing kalbu | tan wrin ujar kerasan | Sunan Kali ngandika ris | lah wus nuli jêbèng Pajang apasraha ||
6. iya nagara Mataram | marang ing kakangirèki | Sultan Pajang aturira | sumăngga ing asta kalih | kakang dika tampani | padesan nagri Matarum | ananging maksih bêra | Pamanahan matur inggih | anampani
--- 1: 26 ---
ganjaran bumi Mataram ||
7. Sunan Kali angandika | jêbèng Pamanahan nuli | muliha maring Mataram | boyonga saanak rabi | manira angidèni | tuluse dènnya sadulur | lah wus padha karia | manira pan laju mulih | kalihira manêmbah angaras pada ||
8. sakundure sang pandhita | Sultan Pajang ngandika ris | inggih kakang Pamanahan | prayogi atur udani | maring kakangbok nênggih | Kalinyamat Nimas Ratu | kang raka aturira | inggih sumăngga sang aji | inggih benjang enjang kewala budhalan ||
9. sultan gya kundur ngadhatyan | ginarêbêg para cèthi | Pamanahan nulya mêdal | mantuk mring wismanirèki | wus panggih lan kang rayi | utawi Kiyai Juru | Pamanahan ris nabda | jêng sultan karsanirèki | benjang enjang têdhak maring Danaraja ||
10. ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | jêng sultan miyos ing pura | ginarbêg wadya gêng alit | Pamanahan Pênjawi | tan kari lawan Ki Juru | rikat lampahing wadya | ing marga datan winarni | sampun prapta padhepokan Danaraja ||
11. Nimas Ratu Kalinyamat | gupuh amêthuk kang rayi | wus binêkta manjing wisma | satata lênggahirèki | sultan umatur aris | dhuh kakangbok prapta ulun | angaturi uninga | Arya Jipang wus ngêmasi | ing samangkya luwarên subratanira ||
12. Nimas Ratu Kalinyamat | mèsêm angandika aris | mring kang rayi Sultan Pajang | yayi sapa kang matèni | kang rayi matur aris | Pamanahan wastanipun | wong kalih lan arinya | ingkang wasta Ki Pênjawi | Kyai Juru ingkang dadya botohira ||
13. Nimas Ratu Kalinyamat | lah ing mêngko ana ngêndi | wong têlu kang olèh karya | padha timbalana aglis [agli...]
--- 1: 27 ---
[...s] | inggih wontên ing jawi | nulya tinimbalan gupuh | tan dangu praptèng ngarsa | katrinya samya tur bêkti | sawusira atata lênggah ing ngarsa ||
14. jêng sultan aris turira | lamun pinarêng ing galih | kawula nuwun wasiyat | kang masthi tilarirèki | dhuwung lan waos nênggih | punika kawula suwun | kang raka aris nabda | iya sakarsanirèki | iya iku wasiyate kakangira ||
15. dhuwung pinaringkên nulya | tinampan lajêng winangking | myang waose wus katampan | jêng sultan suka ing galih | ing solah tan winarni | sultan wus pamit kundur |[6] kalilan lajêng budhal | Pamanahan lan Panjawi | datan sarêng lan jêng sultan maskêmambang ||
8. Maskumambang
1. tan winarna jêng sultan kundurirèki | wus prapta ing Pajang | ya ta wuwusên kang kari | Ki Panjawi Pamanahan ||
2. nêmbah matur kawula atur udani | pun Arya Panangsang | kawula ingkang mêjahi | wontên samadyaning rana ||
3. inggih lawan rayi kula pun Panjawi | pan sampun ginanjar | inggih nagari ing Pathi | kawula inggih ginanjar ||
4. mring rayinta nênggih nagari Matawis | cacahira dhomas | nimas ratu ngandika ris | lah iya wus bêgjanira ||
5. wus pêsthine Pamanahan sun ngèngèri | tan etung sapadang | sapangina[7] sun ngèngèri | Pamanahan aturira ||
6. mila amba tan dhèrèk kundur sang aji | nuwun babrêkatan | nimas ratu ngandika ris | lah punapa karsa dika ||
7. Nimas Ratu Kalinyamat ngandika ris | mring parêkanira | lah padha wêtokna aglis | sakèhing kang babrêkatan ||
8. kang tinuduh sandika nulya angambil | sagunging pusaka | sadaya binêkta mijil | sinaoskên mring ngayunan ||
9. Nimas Ratu Kalinyamat ngandika ris [ri...]
--- 1: 28 ---
[...s] | mring Ki Pamanahan | lah êndi kang sira pilih | Pamanahan aturira ||
10. pan kawula nuwun brêkatan kang adi | mas ratu ngandika | apan iya namung iki | têtilare kakangira ||
11. ingkang adi iya iki rupa singsim | ya wus bêgjanira | sapa ingkang nganggo iki | dadya ratu tanah Jawa ||
12. pan mangkono ujare kang masiyati | sajagad tan ana | ing Mêkah asale nguni | timbangane Balambangan ||
13. tatkalane tuwan sèh arabi putri | putri Balambangan | sauluk rêgane dhingin | tinilarkên mring kang garwa ||
14. gya pinundhut singsimira sing dariji | mirah dalima bang | intên adi kang sawiji | samya sauluk rêganya ||
15. gya tinampan kang singsim wau sarakit | mring Ki Pamanahan | langkung panuwunirèki | mring Mas Ratu Kalinyamat ||
16. katrinira kalangkung suka ing galih | wusnya gya pamitan | linilan tur sêmbah sami | lèngsèr saking ing ngayunan ||
17. lajêng kundur ingiring wadyanirèki | gumrêdêg lampahnya | anjujug Nglawiyan sami | arsa lajêng mring Mataram ||
18. Kyai Juru pangandikanira aris | nadyan mring Mataram | bêcik pamita sang aji | apadene putranira ||
19. si ngabèi iya bêcik padha pamit | mring ramane sultan | sadaya amituruti | Ki Juru sri natanira ||
9. Sinom
1. enji[8] Kyai Pamanahan | wus ngrasuk busana adi | arsa marêk mring jêng sultan | para putranya nèng ngarsi | pan arsa dhèrèk maring | ing Mataram kunduripun | kang wanodya putranya | kêkalih pan sampun krami | ingkang sêpuh antuk Ki Tumênggung Mayang ||
2. ingkang anèm sampun krama | antuk Arya Dhadhaptulis | punggawa ing nagri Pajang | sadaya putranirèki | kêdah arsa umiring | ingkang
--- 1: 29 ---
rama kunduripun | marang nagri Mataram | ingkang rama mituruti | Pamanahan sawusira abusana ||
3. sigra budhal saking wisma | arsa seba mring jro puri | lawan para putranira | myang Ki Juru lan Panjawi | ing marga tan winarni | sampun prapta jro kadhatun | sultan nuju sineba | ing wadyanira gêng alit | Pamanahan lajêng mring byantara nata ||
4. manêmbah aris turira | dhuh pukulun sri bupati | kawula anuwun lilah | arsa mantuk mring Matawis | lawan saanak rabi | sami kalayu ayun wruh | yèn wus parêng ing karsa | kawula bidhal samangkin | Sultan Pajang aris dènira ngandika ||
5. inggih ki raka manira | angsung salamêt ing margi | muga ywana sangsayanya | inggih lunga myang kang kèri | pan samya abasuki | tulusa pawong sadulur | Ki Pamanahan aturnya |[9] inggih kalangkung kapundhi | ing pangèstu paduka marang kawula ||
6. jêng sultan malih ngandika | ki raka ingsun parabi | Kyai Gêdhe ing Mataram | sadaya samya ngèstrèni | Pamanahan tur bêkti | marang kangjêng sang aprabu | myang para putranira | sadaya samya ngabêkti | sawusira jêng sultan kundur ngadhatyan ||
7. sira Ki Agêng Mataram | lan para putranirèki | samya mundur saking ngarsa | sapraptanira ing panti | Ki Agêng ing Matawis | pinarak lan rabinipun | myang para putranira | tata bêbêktanirèki | ingkang badhe ginawa maring Mataram ||
8. garwane Tumênggung Mayang | kalawan Ki Dhadhaptulis | kêdah umiring kang rama | marang nagari Matawis | Ki Agêng tan nglilani | aywa milu putraningsun | têmahan karya susah | tyase lakinira nini | benjang bae tinjoa lan lakinira ||
9. ing solah datan winarna | ya ta Ki Agêng Matawis [Matawi...]
--- 1: 30 ---
[...s] | wus budhal sawadyanira | gumrêdêg lampahirèki | pikulan mungging ngarsi | kang bêkta brak-abrak sêlur | Ki Agêng nitih kuda | tinandhu garwanirèki | tan winarna ing marga lampahe prapta ||
10. ing dhusun Taji araryan | anèng ngandhaping waringin | ya ta wau kang kocapa | Ki Gêdhe Karanglo nênggih | wus miyarsa pawarti | Pamanahan kunduripun | uninga lamun raryan | Ki Karanglo gya marani | atur suguh sêkul ulam myang dhaharan ||
11. lan rabine sami bêkta | pêcêl pitik jangan mênir | praptèng ngarsa aris turnya | punika ulun ngaturi | inggih jampi kalantih | sapala sêkul sananjung | măngka tăndha katrêsnan | lan wening dêgan satunggil | Kyai Agêng Mataram mèsêm ngandika ||
12. lah inggih langkung anêdha | pasihan dika kiyai | sunggata nulya dhinahar | sagarwa putranirèki | pikantuk dènnya bukti | lorodan binagi sampun | mring kulawarganira | warata sadaya sami | Kyai Agêng Mataram aris ngandika ||
13. kalangkung panêdhaningwang | sih andika mring wak mami | manira arsa lajua | mantuk marang ing Matawis | Kyai Karanglo angling | inggih kawula tumuntur | andhèrèk ing paduka | inggih sumăngga kiyai | sigra budhal Ki Agêng sawadyanira ||
14. warnanên kang lagya siram | anèng kali Opak nênggih | susunan ing Kalijaga | Pamanahan duk udani | gupuh amalajêngi | wruh kalamun gurunipun | praptèng ngarsa tur sêmbah | nungkêmi padanirèki | ingkang têngên ingaras Ki Pamanahan ||
15. Ki Gêdhe Karanglo gêpah | mangaras padanirèki | ingkang kiwa sinungkêman | Jêng Sunan Kali ngling aris | pan wus bêgjanirèki | iya Si Karanglo iku | milua mukti benjang | anèng nagari Matawis | iya lawan ing satêdhak turunira ||
16. nanging sira nora kêna | sinêbut radèn ing
--- 1: 31 ---
benjing | iya ing saturunira | iku poma wêkas mami | elingên aywa lali | warahên anak putumu | wis ta padha mangkata | aywa kêsuwèn nèng ngriki | kang liningan tur sêmbah nulya umangkat ||
17. gumarêdêg lampahira | langkung kathah kang umiring | Kyai Karanglo tan têbah | ing marga datan winarni | wus prapta ing Matawis | Ki Agêng ingkang jinujug | sakilèning widara | ingkang arsa dèn wismani | tan winarna wus samya tata pomahan ||
18. wadya putra myang santana | wus samya tata miranti | bêbanjêngan wismanira | tuwin Ki Juru Martani | karya dhepok pribadi | tan têbih panggenanipun | lan Ki Agêng Mataram | samana alami-lami | ing Mataram arjane saengga praja ||
19. wong desa kang têbah-têbah | kathah ngungsi mring Matawis | prasami milwa gêgriya | tulus kang tinandur tuwin | murah sandhang lan bukti | saya tambah arjanipun | têntrêm manahing wadya | ing solah datan winarni | ya ta wau sira Ki Agêng Mataram ||
20. wus lami antaranira | dènnya nèng nagri Matawis | samana pan arsa seba | marang ing Pajang nagari | enjang siyaga nuli | budhal saking ing Matarum | rikatan lampahira | dènira miyarsa warti | Sultan Pajang pan arsa sowan mring Arga ||
21. mring Sunan Parapèn ika | Ki Agêng lampahnya prapti | ing Pajang wau jêng sultan | wus arsa budhalan nuli | ki agêng ing Matawis | lajêng andhèrèk sang prabu | wadyabala ing Pajang | kathah kang samya umiring | tan winarna ing marga pan sampun prapta ||
22. anèng ing Giri kadhatyan | susunan lagya siniwi | pêpak kang seba ing ngarsa | sagunging para bupati | Japan Wirasabèki | ingkang cakêt mungging ngayun | Dipati Surabaya | Pasuruan lan Kadhiri | pra dipati bang wetan pêpak [pê...]
--- 1: 33 ---
[...pak] sadaya ||
23. tuwin Dipati Madura | Sêdayu samya anangkil | ing Pathi lawan ing Tuban | samana sri narapati | ing Pajang praptanèki | ingancaran sampun |[10] anèng babut rinêngga | tuwin Ki Agêng Matawis | lawan para bupati wus samya lênggah ||
24. samana pan sinêngkalan | pêksi astha warna aji |[11] Sultan Pajang ingèstrènan | jumênêngira narpati | sawusira anuli | sunggata sumaos ngayun | wus sami kinon dhahar | tuwin kang para bupati | pan sadaya wus samya kêmbulan dhahar ||
25. Sunan Parapèn ngandika | hèh sagung para bupati | kabèh anak putuningwang | padha runtuta sami |[12] lawan kadangirèki | aywana salayèng kalbu | dèn atut akêkadang | ingsun têtêdha ing Widhi | salamêta ing dunya praptèng akherat ||
26. tur sêmbah ingkang liningan | pangèstu paduka mugi | inggih nastijaba marang | para putra sadayèki | ya ta dènira bukti | wus dugi linorod sampun | marang pamburinira | warata sadaya sami | Kyai Gêdhe Mataram agung sinawang ||
27. marang Jêng Sunan Prawata | hèh ki jêbèng Pajang iki | dasih ta kang anèng wuntat | ya sapa wastanirèki | Sultan Pajang turnya ris | inggih punika pukulun | kadang amba kang nama | Kyai Agêng ing Matawis | ing samangkya wus gêgriya ing Mataram ||
28. yèn mangkono kadangira | iya konên lungguh nginggil | ing kono nunggala lawan | sagunging para bupati | sultan ngandika maring | Ki Agêng Mataram gupuh | kakang andika minggah | Ki Agêng gya lênggah nginggil | sang pandhita aris dènira ngandika ||
29. dhuh sadaya putraningwang | padha piyarsakna sami | iku Si Gêdhe Mataram | karsaning Hyang Maha Luwih | anak putune benjing | kang mêngku tanah Jawèku | kongsi têrah-tumêrah | samya ngidhêp mring Matawis [Matawi...]
--- 1: 34 ---
[...s] | Kyai Gêdhe Mataram myarsa wirayat ||
30. ingkang Sinuhun Prawata | samana Kyai Matawis | gya nêmbah mangaras pada | marang sinuhun ing Giri | sangêt sukur ing Widhi | sira Ki Agêng Matarum | mring sang raja pandhita | malih angandika aris | narimaa marang wahyuning Pangeran ||
31. ya ta Ki Gêdhe Mataram | ngaturkên dhuwungirèki | marang sang raja pandhita | nging sang yogi tinampèni | samana pra bupati | miyarsa wirayatipun | Kyai Gêdhe Mataram | cinêtha amutêr bumi | duk samana sira sang raja pandhita ||
32. pan arsa karya talaga | sadaya para bupati | pan samya milwa tumandang | tan winarna sampun dadi | toyanya langkung wêning | ingaran têlaga patut | sakèhe pra dipatya | sadaya sami ningali | nagri mănca pinatut anèng talaga ||
33. ri sampunira mangkana | sagunging para bupati | wus kinèn kundur sadaya | dènira sang maha yêkti | gya mundur sadayèki | sowang-sowangan umantuk | tuwin Jêng Sultan Pajang | pan sampun tinundhung mulih | tuwin sira Kiyai Gêdhe Mataram ||
34. sarêng mundur saking ngarsa | ing marga datan winarni | wus prapta ing nagri Pajang | jêng sultan lajêng mring puri | gung ginagas ing galih | wirayatira sang wiku | tuwin wadya punggawa | sadaya ngungun ing galih | marang wêcanira Ki Agêng Mataram ||
35. rêntênging driya jêng sultan | rinasa karasèng galih | wasana pinuntu ing tyas | yèn wus têkdiring Hyang Widhi | roncene tan winarni | samana Kyagêng Matarum | wus mantuk sawadyanya | marang nagari Matawis | praptèng wisma wêwarah mring rabinira ||
36. wirayate sang pandhita | kang garwa suka ing galih | tuwin pra putra wandawa | miyarsa sukur ing Widhi | samana ing Matawis | sangsaya sru
--- 1: 35 ---
arjanipun | gêmahe lir nagara | ayêm tyase kang wadya lit | murah sandhang tulus kang tinandur dadya ||
37. sira Ki Agêng Mataram | kalangkung wibawa mukti | myang sakulawarganira | sadaya milu amukti | langkung pinundhi-pundhi | Ki Agêng mring anak putu | gêng alit wong Mataram | anggêpe samya anggusti | tuwin marang Kyai Juru ya mangkana ||
38. tan towang ing sabên măngsa | seba mring Pajang nagari | tur-atur pamêtunira | ing Mataram sawarnaning | marang sri narapati | ya ta Ki Agêng Matarum | nandhang gêrah sarira | sampun tumêka ing têkdir | Kyai Agêng Mataram atilar donya ||
39. kundur maring rahmatulah | gumuruh swaraning tangis | garwa putra myang santana | prasami lara anangis | ing solah tan winarni | layon pinaripurna wus | pinêtak ing Mataram | kang kari samya prihatin | Kyai Juru Martani milwa sungkawa ||
40. sawusira pitung dina | Kyai Juru Amartani | nimbali sagung pra putra | agêng alit jalu èstri | wus pêpak anèng ngarsi | Kyai Juru ngandika rum | sadaya putraningwang | payo maring Pajang nagri | tur uninga marang Kangjêng Sultan Pajang ||
41. yèn ramanira palastra | paran karsanya sang aji | sapa ingkang ginêntèkna | ya marang ramanirèki | iya anèng Matawis | bêcik sebaa sadarum | marang nagari Pajang | manira ingkang angirid | para putra sadaya matur sandika ||
42. enjang wus sami busana | sawadyanya amiranti | kang umiring sawatara | gya budhal saking Matawis | gumrêdêg lampahnèki | pangarsa Kiyai Juru | lancaran lampahira | ing marga datan winarni | Kyai Juru wus prapta nagari Pajang ||
43. lan sakulawarganira | samana sri narapati | nuju miyos siniwaka | supênuh wadya ing ngarsi | Ki Juru Amartani | pepe nèng waringin kurung | lan para putranira | tumungkul konjêm ing siti |
--- 1: 36 ---
katingalan dènira sultan ing Pajang ||
44. ngandika lih iku sapa | kang pepe soring waringin | lah bocah gandhèk dèn agya | dangunên ika wong ngêndi | sandika kang tinuding | nêmbah mundur saking ngayun | prapta waringin kêmbar | kang pepe dinangu sami | dening abdi gandhèk kang kinon mariksa ||
45. kisanak kang pepe samya | andika tiyang ing pundi | dene ta saanak rayat | Kyai Juru anauri | kula tiyang Matawis | pan inggih andika matur | dhumatêng kangjêng sultan | kula pun Juru Martani | inggih badhe atur uninga sang nata ||
46. lamun Ki Gêdhe Mataram | ing mangkya sampun ngêmasi | [...] | [...] | dika aturkên nuli | marang gusti sang aprabu | wong gandhèk wangsul nulya | marang ngarsane sang aji | matur nêmbah kawula sampun dinuta ||[13]
47. mariksa kang pepe samya | pan inggih aturirèki | Kyai Juru ing Mataram | inggih badhe tur udani | dhumatêng paduka ji | yèn kadangira wus lampus | anênggih ingkang nama | Kiyai Agêng Matawis | duk miyarsa sira jêng sultan ing Pajang ||
48. kalangkung ngunguning driya | sigra kinèn animbali | Kyai Juru saputranya | tan dangu prapta ing ngarsi | wusnya sami tur bêkti | Kyai Juru sigra matur | purwa madya wasana | wus katur sadaya sami | kangjêng sultan aris pangandikanira ||
49. lah iya satilarira | ki raka Gêdhe Matawis | kang pantês anggêntènana | ya sutèngsun Si Ngabèi | Loringpasar kang wajib | têtêpa anèng Matarum | gêntyanira manira | ingsun paringi wêwangi | Senapati Ngalaga dene ta sira ||
50. sun pitaya angêmonga | ya marang sutanirèki | pan sira katêmpuh tuwa | ana Mataram samangkin | aywa seba rumiyin | yèn durung jangkêp sataun | muriha arjanira | dhukuhira [dhukuh...]
--- 1: 37 ---
[...ira] ing Matawis | dimèn têntrêm sutanya asmaranira ||
10. Asmaradana
1. jêng sultan kasmaran mèksi | mring wanodya randhanira | Kyai Agêng Matarame | garwa kang anèm pribadya | apan dèrèng pêputra | karsanya mangkya pinundhut | Ki Juru èmêng ing driya ||
2. wasana sumanggèng kapti | ajrih kalamun matura | datan winarna solahe | Ki Juru lan para putra | pamit arsa mantuka | marang nagari Matarum | kalilan mundur sing ngarsa ||
3. Tumênggung Mayang ing mangkin | kêdah tumut mring Mataram | lawan sagarwa putrane | nging kang raka Senapatya | sangêt pamambêngira | piturutên ujar ingsun | aywa milu mring Mataram ||
4. ya ta enjangira nuli | Ki Juru saputranira | sadaya budhalan age | ing marga datan winarna | wus prapta ing Mataram | Senapati lan Ki Juru | kalangkung mukti wibawa ||
5. sangsaya arjanirèki | Mataram gêmah aripah | wus kadya nagara gêdhe | kunêng malih kang winarna | sira Tumênggung Mayang | putranya jalu abagus | pêparab Radèn Pabelan ||
6. nanging balunthah tyasnèki | tinari krama tan arsa | langkung bêlasar tindake | dènnya karêm ing wanodya | tan pilih kang utama | sadhengah wadon kinayun | kang rama kalangkung susah ||
7. baguse datanpa tandhing | ing Pajang tan ana memba | Radèn Pabelan warnane | nanging tyasira tan lana | kang rama langkung susah | myat tingkahe sutanipun | suka tumêkèng palastra ||
8. dahat pakèwêding galih | sira Ki Tumênggung Mayang | wusnya kapanggih ciptane | ingkang putra tinimbalan | tan dangu praptèng ngarsa | kang rama ngandika arum | marmane sira sun undang ||
--- 1: 38 ---
9. wus diwasa sira kaki | sêdhênge amangun krama | aja manggung lamban bae | iya kulup amiliha | sutaning pra dipatya | ing Pajang sadayanipun | êndi sênênge tyasira ||
10. ingsun ingkang minangkani | kang putra umatur nêmbah | anuwun duka samangke | dèrèng darbe cipta krama | wikan ing têmbenira | kang rama ngandika asru | aywa mangkono nak ingwang ||
11. yèn kabanjur sira kaki | dènnya karêm ambêlasar | samar tan bêcik ucape | ywa ambodhokkên wong tuwa | manira pan wus wikan | marang pratingkahirèku | dene yèn sira amêksa ||
12. tan mituhu karsa mami | lah aja tanggung wasisan | bêgja urip bêgja layon | iya kalamun manira | angur baya ngaraha | marang putrine sang prabu | Kusuma Sêkaringpura ||
13. iya yèn kalakon mami | sang putri asih mring sira | nadyan kawênangan dene | iya marang sri narendra | yèn ana bêgjanira | ingapura mring sang prabu | awit pamothahing putra ||
14. sanadyan tumêkèng pati | tan kuciwa loking jana | pantês dèn êtohi layon | Kusuma Sêkaringpura | wêwangi karêmira | lah sira miyanga kulup | iki sun gawani sêkar ||
15. argulo gambir malathi | saconthong sira ngadhanga | ing marga parapatane | yèn ana parêkan liwat | dutane sang kusuma | nuli aturêna iku | dèn rêmit pratingkahira ||
16. kang putra sandika nuli | puspita wus tinampanan | nêmbah mundur sing ngarsane | rêrikatan lampahira | wus prapta galedhegan | radèn kèndêl nganguk-anguk | nulya na wadon lumampah ||
17. pribadi saking jro puri | ni êmban arsa mring pasar | pinarpêkan mring rahadèn | wus parêk radyan têtanya |
--- 1: 39 ---
dika kèndêl sakêdhap | sampun dadya tyasirèku | manira aayun têtanya |[14]|
18. andika punika nyai | punapa abdi jro pura | ni êmban aris ature | pan inggih anggèr kawula | won-awon êmbanira | Sang Dya[15] Sêkaringkadhatun | lampah kawula dinuta ||
19. mring pasar têtumbas sari | gambir malathi cêpaka | rahadyan garjita tyase | dadya aris angandika | ni êmban yèn sêmbada | kawula nyaosi santun | sampun susah dika tumbas ||
20. punika atur nèng gusti | saconthong awarna-warna | ni êmban sukèng driyane | kang sêkar nulya tinampan | sarwi aris têtanya | mangkya yèn ulun dinangu | paduka sintên sinambat ||
21. rahadèn ngandika aris | yèn dika tanya maringwang | Radèn Pabelan ran ingong | putrane Tumênggung Mayang | ngong sutane kang tuwa | ni êmban suka tyasipun | tumon baguse rahadyan ||
22. ni êmban micarèng ati | baya iki raganira | kang dadya kondhanging akèh | para dyah jroning kadhatyan | samya kasmaran warta | satuhu kalamun bagus | pantês lamun kinêsmaran ||
23. andika kondur wong sigid | kawula wangsul mring pura | angaturakên sêkare | Radèn Pabelan gya mentar | lan ni mban kur-ungkuran | tan winarna lampahipun | radyan wus prapta ing wisma ||
24. lajêng marêk mring sudarmi | Tumênggung Mayang pinarak | kang putra nulya ingawe | rahadyan majêng wotsêkar | ki tumênggung ngandika | paran lakunira kulup | kang putra matur anêmbah ||
25. inggih sampun dèn tampèni | marang êmbane sang rêtna | binêkta marang kadhaton | kang rama malih ngandika | lamun tulus katampan | mring sang rêtna adatipun | banjur kasmaran mring sira ||
--- 1: 40 ---
26. yèn anggêpok surat mami | adat tumuli utusan | arsa katêmua dhewe | mangkono lamun katrima | iya sarat manira | yèn sira pinanggil kulup | iya banjur têkanana ||
27. kalamun sira wus panggih | ya banjur ajakên mêdal | anggêr wus tiba trêsnane | mring sira nora sumêlang | nadyan ana kang malang | pra kadang sêntananipun | iya nora dadi ngapa ||
28. ingkang putra wus nyagahi | gantya warnanên jro pura | Kusuma Sêkarkadhaton | lagya siniwèng pawongan | manganti dutanira | ni êmban tan dangu rawuh | ambêkta conthongan sêkar ||
29. gupuh umatur ing gusti | kawula sampun dinuta | mring pêkên tumbas sêkare | inggih wus prapta ing pasar | sêpên tan wontên janma | ingkang wade puspitarum | dadyamba wangsul kewala ||
30. sarêng ulun praptèng kori | galedhegan pan kapapag | satriya di bagus anom | ambêkta conthongan sêkar | tanya lampah kawula | sarêng kawula umatur | sêkar pinaringkên kula ||
31. supados katur ing gusti | pan punika sêkarira | sang rêtna kumêpyur tyase | paran karsanira biyang | dene sira atămpa | tan karuan ingkang angsung | wisma tuwin wastanira ||
32. ni êmban umatur aris | pinanggih pangakênira | satriya kang bagus anèm | wasta Rahadèn Pabelan | putra Tumênggung Mayang | kang dadya kondhanging kidung | yêktos yèn bagus taruna ||
33. sang rêtna mèsêm nampèni | conthong puspita binuka | kongas ruming puspitane | anrus tumanêm ing driya | wontên juga cêpaka | binuntêl ing suratipun | gya cinandhak kang nawala ||
34. binuka sinukmèng
--- 1: 41 ---
galih | kadhadha surasanira | langkung mlasasih têmbunge | ya ta kusumaning pura | wusnya maos nawala | kadadak kasmaran têmbung | lir kênèng guna wisaya ||
35. lêng-lênging tyas poyang-paying | wasana aris ngandika | biyung êmban kaya priye | ingkang dadya karêpira | iku Radèn Pabelan | surasane layangipun | arsa panggih lan manira ||
36. têmbunge amêlas-asih | iya mêngko karsaningwang | nuli aturana age | mring jro pura sirêp janma | yèn tuhu karsanira | yèn cêcadhang burat arum | umanjinga jroning pura ||
37. ni êmban umatur aris | lamun makatên ing karsa | kawula mêdal samangke | manggihi Radèn Pabelan | iya dèn rêmit biyang | surasane layangipun | arsa panggih lan manira ||
38. ni êmban nêmbah gya mijil | anjujug ing galedhegan | gya panggih lawan rahadèn | wus dhinawuhkên sadaya | karsane sang lir rêtna | Rahadèn Pabelah saguh | ni êmban wangsul mring pura ||
39. rikat lampahnya bok nyai | samana Radèn Pabelan | nulya kundur age-age | praptèng wisma panggih lawan | rama Tumênggung Mayang | wus katur saaturipun | kang rama suka ing driya ||
40. iya sokur yèn kadyèki | mêngko bêngi malêbua | nging aywa mijil korine | samar manawa kawruhan | wadya jro ingkang jaga | kang putra nula[16] winuruk | èsmu ngusap pagêr bata ||
41. ingkang putra wus nampani | sawulange ingkang rama | sarêng wanci sirêp rare | ki tumênggung angandika | lah payo putraningwang | sun atêrkên jawi pintu | aja sira walangdriya ||
42. kang putra nulya umiring | sapraptaning jawi bata | kang rama ngandika alon | alah payo putraningwang | bata
--- 1: 42 ---
usapên agya | kang putra sandika gupuh | laleyan nuli ingusap ||
43. wusnya mêndhak radèn nuli | jumangkah manjing jro pura | radyan sawusnya praptèng jro | bata ingusap kang rama | mumbul wangsul lir adat | ki tumênggung nulya kundur | warnanên Radèn Pabelan ||
44. anjajah sajroning puri | dangu ngupaya ni êmban | ya ta wau sang lir sinom | siniwi para parêkan | nèng jroning yasa kambang | tan sare kewala mujung | tan lyan kaciptèng wardaya ||
45. mung kang atur puspita di | putrane Tumênggung Mayang | saguh manjing jro kadhaton | baya cidra ing ubaya | dene tan ana prapta | ni êmban dinuta mêtu | mara biyung tilikana ||
46. iya marang tamansari | endhangana bokmanawa | tuhu nêkani marene | ni êmban nêmbah gya mêdal | praptèng sor nagapuspa | Radèn Pabelan wus dangu | andhêdhês soring puspita ||
47. rahadyan kagyat duk mèksi | yèn ana parêkan prapta | rahadèn alingan mire | ni êmban sigra anapa | radèn ririh saurnya | inggih pun Pabelan ulun | sêdya nêkani ubaya ||
48. ni êmban gya marêpêki | tan samar pandulunira | ni êmban suka wuwuse | sokur paduka wus prapta | anuhoni ubaya | rayinta kusumaning rum | wus dangu mangarsa-arsa ||
49. andika kantun ing ngriki | kawula matur sang rêtna | ni êmban gya wangsul age | sapraptaning madeyasa | ni êmban aris turnya | adhuh anggèr gustiningsun | pun Pabelan sampun prapta ||
50. sampun dangu wontên jawi | paran ing karsa paduka | sang rêtna kumêpyur tyase |
--- 1: 43 ---
ngunandika jroning driya | si jênat dikêramat | wong bagus têka kumênthus | wani ngambah jro kadhatyan ||
51. ambêke anglêlanangi | iya paran baya kêna | sun labuhi praptèng layon | dangu ginagas ing driya | ni êmban matur nêmbah | adhuh anggèr gustiningsun | amba cumadhong ing karsa ||
52. duratmaka ingkang prapti | punapa kawula balak | kinèn mijil sing kadhaton | utawi kinèn lajênga | marang ngarsa paduka | sang rêtna ngandika arum | eman lakune si jênat ||
53. wus kabanjur praptèng puri | bêcik nuli aturana | manawa putung atine | ni êmban nêmbah gya mentar | praptèng sor nagapuspa | wus panggih rahadèn bagus | ni êmban matur sumăngga ||
54. paduka dipun aturi | laju maring yasa kambang | sampun kadangon nèng kene | watos lamun kawênangan | dening punggawa langlang | tan wande manggih baya gung | radèn aris aturira ||
55. lah inggih sumăngga nyai | kalangkung ajrih kawula | yèn lênggana ing karsane | Jêng Gusti Sêkaringpura | wus kerid lampahira | sang rêtna nganti nèng pintu | dupi katingal rahadyan ||
56. sang dyah kumêpyur ing galih | wantune kênya diwasa | lir turasan karingête | minggu tan bisa ngandika | gumêtêr sariranya | rahadèn marpêki gupuh | tan darana nyandhak asta ||
57. pan sarwi mangarih-arih | dhuh gusti pêpujaningwang | wêlasa marang dasihe | sang rêtna atangkis asta | radèn putra mangrêpa | sanadyan tumêkèng lampus | dasihe datan lênggana ||
58. lamun gusti tulus asih | lêbura amor lan kisma | tan garantês kawulane | sang dyah
--- 1: 44 ---
kakênan tyasira | ginunturan srênggara | dadya tan sawalèng kayun | sang rêtna yugya ingêmban ||
59. binêkta mring tilamsari | pawongan tangkêb samirnya | datan winarna solahe | wantune putri lan putra | samya kasmaranira | nutug dènnya karon lulud | sawusira asêsotya ||
60. rahadyan lawan sang putri | pinarak madyaning tilam | sang rêtna yu matur alon | miyos ing pundi paduka | lêbêtira mring pura | rahadèn aris umatur | dhuh gusti pêpujaningwang ||
61. ulun tan mijil ing kori | malumpat ing pagêr bata | rèhning wus ubaya mangke | ajrih lamun malecaa | tan etang pringgabaya | sang rêtna mèsêm umatur | dhuh ing mangke paran karsa ||
62. rèhning wus anggagat enjing | lamun kawruhan ing janma | tan wande tiwas wong roro | prayogi andika mêdal | mangke dalu wangsula | rahadèn ngandika arum | inggih sumăngga ing karsa ||
63. datan lênggana kang abdi | ing karsa sang ruming pura | sanadyan tumêkèng layon | pan sarwi angaras-aras | kalihe gya tumêdhak | mijil saking tilamipun | sami anjingga nom-noman ||
1 | Judul merupakan tambahan dari redaksi. (kembali) |
2 | Tanggal: tri nis mănca bumiku (S 1503). Tahun Masehi: 1581–2. (kembali) |
3 | Sultan. (kembali) |
4 | kadya. (kembali) |
5 | Tanggal: wiku sapta hèr nabi (S 1477). Tahun Masehi: 1555–6. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: jêng sultan wus pamit kundur. (kembali) |
7 | sapanginang. (kembali) |
8 | enjing. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: Ki Pamanahan turnya. (kembali) |
10 | Kurang dua suku kata: apan ingancaran sampun. (kembali) |
11 | Tanggal: pêksi astha warna aji (S 1481). Tahun Masehi: 1559–60. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: padha aruntuta sami. (kembali) |
13 | Kurang dua gatra: ke-3 (8a) dan ke-4 (8i). (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: manira ayun têtanya. (kembali) |
15 | Dyah. (kembali) |
16 | nulya. (kembali) |