Gatholoco, Tanaya, c. 1950, #775

JudulCitra
Terakhir diubah: 26-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Balsafah Gatolotjo

Ngemot
Balsafah Kawruh Kawaskitan

Miturut babon asli gubahan
Sdr. Prawirataruna
ing awalé abad 20 Masehi

Katiti-pariksa sarta kasalinan
aksara Latin déning
R. Tanojo

Penerbit S. Mulija, Solo

Purwaka

1. Mijil

1. prana putêk kapêtêk ngranuhi | wiyoganing batos | raosing tyas karaos kêkêse | taman bangkit upami nyelaki | rudah gung prihatin | nalangsa kalangkung ||

2. jroning kingkin sinalamur nulis | Sêrat Gatholoco | ciptèng nala ngupaya lêjare | tar lèn muhung mrih ayêming galih | ywa kalantur sêdhih | minangka panglipur ||

Kyai guru têtêlu ing pondhok Rêjasari

3. kang kinarya bêbukaning rawi[1] | Rêjasari pondhok | wontên kyai jumênêng gurune | tiga pisan wasis muruk ilmi | kathah para santri | kapencut maguru ||

4. bakda subuh wau tiga kyai | rujuk tyasnya condhong | guru tiga ngrasuk busanane | arsa linggar sadaya miranti | duk wanci byar enjing | sarêng angkatipun ||

5. murid nênêm umiring tut wuri | samya anggêgendhong | kang ginendhong kitab sadayane | gunggung kitab kawan likur iji | ciptaning panggalih | tuwi mitranipun ||

6. ingkang ugi dadya guru santri | ing Cèpèkan pondhok | Kyai Hasan Bêsari namane | wus misuwur yèn limpat pribadi | putus sagung ilmi | pra guru maguru ||

7. datan wontên ingkang animbangi | pinunjul kinaot | langkung agêng pondhokan santrine | krana saking kathahipun murid | ujaring pawarti | pintên-pintên atus ||

8. amangsuli kang lagya lumaris | sadaya mangulon | sêpi mêndhung sumilak langite | saya siyang lampahnya wus têbih | sunaring hyang rawi | sangêt bêntèripun ||

9. marma rèrèn sapinggiring margi | ngandhap wringin ayom | ayêm samya anjèrèng kacune | tinamakkên ayoming waringin | pan kinarya linggih | jèngkèng sêmu timpuh ||

--- 4 ---

10. êcisira cinublêskên siti | murid sami lungguh |[2] munggèng ngarsa ajèjèr lungguhe | kasiliring samirana ngidid | pating clumik muji | têsbèhnya dèn etung ||

11. murid nênêm ambelani muji | dhikir lenggak-lenggok | manggut-manggut sirah gèdhèg-gèdhèg | dèrèng dangu nulya aningali | mring sajuga janmi | lir dhandhang lumaku ||

2. Dhandhanggula

Gatholoco lan candrane

1. êndhèk cilik remane barintik | tur aburik wau rainira | ciri kera ing mripate | alis barungut têpung | irung sunthi cangkême nguplik | waja gingsul tur pêthak | lambe kandêl biru | janggut golèng sêmu nyênthang | pipi klungsur kupingira anjêpiping | gulu panggêl tur cêndhak ||

2. pundhak brojol sêmune angêmpis | punang asta cêndhak tur kuwaga | ting carênthik darijine | alêkik dhadhanipun | wêtêng bèkèl bokongnya canthik | sêmu ekar[3] dêngkulnya | lampahipun impur | kulit êmbêsisik mangkak | ambêngkêrok napasira kêmpis-kêmpis | sajak lêsu kewala ||

3. bêdudane pring tutul kinisik | apan blorok kuninge sêmu bang | asungsun tiga ponthange | bongkot têngah lan pucuk | timah budhêng ingkang kinardi | cupak irêng tur tuwa | gripis nyênyêpipun | mêlêng-mêlêng sêmu nglênga | labêt saking kenging kukus sabên ari | pangot urik dèn asta ||

4. kandhutane klèlèt gangsal glindhing | alon lênggah cakêt guru tiga | sarwi angêmpos napase | kapyarsa sênguk-sênguk | gandanira prêngus asangit | tumanduk mring panggenan | santri ingkang lungguh | Gatholoco ngambil sigra | kandhutane têgêsan kang anèng kêndhit | gya nithik karya brama ||

5. nulya udut kêbulnya ngêbuli | para santri kawratan sadaya | asêngak sangêt sangite | murid nênêm tumungkul | mengo sarwi atutup rai | sawênèh mithês grana | kang sawênèh watuk | mingsêr saking palênggahan | samya pindhah nèng wurine gurunèki | nyingkiri punang ganda ||

6. guru tiga waspada ningali | mring wujudnya ingkang lagya prapta | kawuryan mêsum ulate | sarêng dènira nêbut | astagafirullah hal adlim | dubillah minas setan | ilaha lallahu | lah iku manusa apa | salawase urip anèng dunya iki | ingsun durung tumingal ||

7. janma ingkang rupane kadyèki | sarwi nolèh ngandika mring sabat | padha tingalana kuwe | manusa kurang wuruk | datan wêruh sakèhing nabi | nèng dunya wus cilaka | iku durung besuk | siniksa anèng akhirat | tikêl sèwu siksane nèng dunya kuwi | mulane wêkas ingwang ||

--- 5 ---

8. ingkang pêthêl sinaua ngaji | amrih wêruh syara' rasulullah | slamêt dunya akhirate | sapa kang nêdya manut | ing sari'at andika nabi | mêsthi olèh kamulyan | sapa kang tan manut | bakale nêmu cilaka | Ahmad Arif mangkana dènira angling | janma iku sun kira ||

9. dudu anak manusa sayêkti | anak bêlis setan brêkasakan | turune mêmêdi wewe | Gatholoco duk ngrungu | dèn wastani yèn anak bêlis | langkung sakit manahnya | nanging tan kawêtu | ngungkabi gembolanira | klèlètipun sajabug sigra ingambil | dèn untal babar pisan ||

10. pan sakala êndême mratani | mrasuk badan kulit dagingira | ludira otot bayune | balung kalawan sungsum | kêkiyatan sadaya pulih | kawistara jrêbabak | cahyanipun santun | guru tiga wrin waspada | samya eram tyasnya ngungun tan andugi | pratingkah kang mangkana ||

11. Abduljabar ngucap mring Mad Arif | lah ta mara age takonana | apa kang dèn untal kuwe | lan sapa aranipun | sarta manèh wismane ngêndi | apa panggotanira | ing sadinanipun | lan apa tan adus toya | salawase dene awake basisik | janma iku sun kira ||

12. ora ngrêti syara' lawan sirik | najis mêkruh batal lawan haram | mung nganggo sênênge dhewe | sanadyan iwak asu | daging cèlèng utawa babi | anggêr doyan pinangan | ora duwe gigu | tan pisan wêdi duraka | Ahmad Arif mrêpêki gya muwus aris | wong ala ingsun tanya ||

Bêbantahan ilmu

13. lah ta sapa aranira yêkti | sarta manèh ngêndi wismanira | kang tinanyalon saure | Gatholoco aranku | ingsun janma lanang sajati | omahku têngah jagad | guru tiga ngrungu | sarêng dènnya latah-latah | bêdhès busèt aran nora lumrah janmi | jênêngmu iku haram ||

14. Gatholoco ngucap tanya aris | dene sira padha latah-latah | anggêguyu apa kuwe | kyai guru sumaur | krana saking tyas ingsun gêli | gumun mring jênêngira | Gatholoco muwus | ing mangka jênêng utama | gatho iku têgêse sirah kang wadi | loco pranti gosokan ||

15. marma kabèh padha sun lilani | sakarsane ngundang marang ingwang | yêkti sun sauri bae | têtêlu aran ingsun | kang sawiji Barangkinisik | siji Barangpanglusan | nanging kang misuwur | manca pat manca lêlima | iya iku Gatholoco aran mami | prasaja tandha priya ||

16. kyai guru mangsuli tan bêcik | jênêngira iku luwih ala | jalaran bangêt sarune | haram najis lan mêkruh | iku jênêng anyilakani | jênêng dadi duraka | jênêng ora patut | wus kasêbut jroning kitab | nyirik haram yèn mati munggah suwargi | kang haram manjing nraka ||

--- 6 ---

17. Gatholoco mènjêp ngiwi-iwi | gya gumujêng nyawang guru tiga | sarwi mangkana ujare | syara'ira kang kliru | sapa bisa angêlus wadi | yêkti janma utama | iku apêsipun | priyayi kang lungguh dêmang | myang panèwu wadana kliwon bupati | liyane ora bisa ||

18. rèhning ingsun tan dadi priyayi | mung jênêngku jênêng wadi mulya | supaya turunku têmbe | dadi priyayi agung | Abduljabar angucap bêngis | dhapurmu kaya luwak | nganggo sira ngaku | lamun sajatine lanang | Gatholoco gumujêng alon nauri | ucapku nora salah ||

19. ingsun ngaku wong lanang sajati | bisa lanang sajati têmênan | wadiku apa dhapure | sajati têgêsipun | ingsun urip tan nêdya mati | guru tiga angucap | dhapurmu lir antu | sajêge tan kambon toya | Gatholoco macucu nulya mangsuli | ewuh kinarya siram ||

20. upamane ingsun adus warih | badan ingsun wus kaisèn toya | kalamun adus gênine | jro badan isi latu | yèn rêsika sun gosok siti | asline saking lêmah | sun dusana lêsus | badanku sumbêr maruta | tuduhêna kinarya adus punapi | ujarnya guru tiga ||

21. asal banyu yêkti adus warih | dimèn suci iku badanira | Gatholoco sru saure | sira santri tan urus | yèn sucia sarana warih | sun kungkum sangang wulan | ora kulak kawruh | satêmêne bae iya | ingsun adus tirta tekad suci êning | ing tyas datan kaworan ||

22. bangsa salah kang kalêbu ciri | iya iku adusing manusa | ingkang sabênêr-bênêre | kyai guru sumaur | wong dhapure lir kirik gêring | sapa ingkang pracaya | duwe pikir jujur | sira iku ingsun duga | ora duwe batal haram mêkruh najis | wêruhmu amung halal ||

23. nadyan arak iwak cèlèng babi | anggêr doyan mêsthi sira pangan | ora wêdi durakane | Gatholoco sumaur | iku bênêr tan nganggo sisip | kadya pambatangira | nadyan iwak asu | sun titik asale purwa | lamun bêcik tan dadi sêriking[4] janmi | nadyan babi cèlènga ||

24. ngingu dhewe awit saking cilik | sapa ingkang wani gugat mringwang | halale ngungkuli cêmpe | sanadyan iwak wêdhus | yèn asale srana tan bêcik | haram lir iwak sona | nadyan babi iku | tinitik kawitanira | yèn purwane ngingu dhewe awit gênjik | luwih saking maenda ||

25. nadyan wêdhus nanging gonmu maling | luwih babi iku haramira | nadyan mangan iwak cèlèng | lamun asale jujur | buru dhewe marang wanadri | dudu cèlèng colongan | halale kalangkung | sanadyan iwak maesa | yèn colongan luwih haram saking babi | ujarnya guru tiga ||

26. luwih halal padune si bêlis | pantês têmên uripmu cilaka | kamlaratan salawase | tan duwe bêras pantun | sandhangane pating saluwir | kabèh amoh gombalan | sajêge tumuwuh | ora tau mangan enak | ora tau ngrasakake lêgi gurih | kuru tan darbe wisma ||

--- 7 ---

27. Gatholoco ngucap anauri | ingkang sugih sandhang lawan pangan | pirang kêthi momohane | kalawan pirang tumpuk | najis ingkang sira simpêni | guru tiga duk myarsa | gumuyu angguguk | sandhangan ingkang wus rusak | awor lêmah najisku kang tibèng bumi | kabèh wus awor kisma ||

28. Gatholoco anauri malih | yèn mangkono isih lumrah janma | ora kinaot arane | beda kalawan ingsun | kabèh iki isining bumi | sakurêbing akasa | dadi darbèkingsun | kang anyar sarwa gumêbyar | sun kon nganggo marang sanak-sanak mami | ngong trima nganggo ala ||

29. apan ingsun trima nganggo iki | pêpanganan ingkang enak-enak | kang lêgi gurih rasane | pêdhês asin sadarum | sun kon mangan mring sagung janmi | ingkang sinipat gêsang | dene ingsun amung | ngawruhi sadina-dina | sun tulisi sastrane salikur iji | sun simpên jroning manah ||

30. ingsun dhewe mangan sabên ari | ingsun milih ingkang luwih panas | sarta ingkang pait dhewe | najise dadi gunung | kabèh gunung ingkang kaèksi | mulane kang bawana | padha mêtu kukus | tumuse gêni sun pangan | ingkang dadi padhas watu lawan curi | klèlèt ingkang sun pangan ||

31. sadurunge ingsun ngising najis | gunung iku yêkti durung ana | benjang bakal sirna manèh | lamun ingsun wus mantun | ngising tai mêtu ing silit | titènana kewala | iki tutur ingsun | guru tiga duk miyarsa | gya micara astane sarwi nudingi | layak kuru tan pakra ||

32. Gatholoco sigra anauri | mila ingsun kurune kalintang | krana nurut mring karsane | Gusti Jêng Nabi Rasul | sabên ari ingsun turuti | tindak mênyang ngêpakan | awan sore esuk | mundhut candu lawan madat | dipun dhahar kalawan dipun obongi | Allah kang paring wikan ||

33. Kangjêng Rasul yèn tan dèn turuti | muring-muring bangêt gone duka | sarta bangêt paniksane | ingsun tan bisa turu | guru tiga samya nauri | mung lagi tatanira | Kangjêng Nabi Rasul | karsa tindak mring ngêpakan | Kangjêng Rasul pêpundhène wong sabumi | anèng nagara Mêkah ||

34. Gatholoco anauri aris | Rasul Mêkah ingkang sira sêmbah | ora nana ing wujude | wus seda sèwu taun | panggonane ing tanah Arbi | lêlakon pitung wulan | tur kadhangan laut | mung kari kubur kewala | sira sêmbah jungkar-jungkir sabên ari | apa bisa tumêka ||

35. sêmbahira dadi tanpa kardi | luwih siya marang raganira | tan nêmbah rasule dhewe | siya marang uripmu | nêmbah rasul jabaning diri | kabèh sabangsanira | iku nora urus | nêbut Allah siya-siya | pating brêngok Allah ora kobêr guling | kabrêbêgên suwara ||

--- 8 ---

36. Rasulullah seda sèwu warsi | sira bêngok saking wismanira | bok kongsi modot gulune | masa bisa karungu | tiwas kêsêl tur tanpa kasil | guru tiga angucap | ujare cocotmu | layak mêsum ora lumrah | anyampahi pêpundhène wong sabumi | Gatholoco manabda ||

37. bênêr mêsum saking susah mami | kadunungan barang ingkang gêlap | awit cilik têkèng mangke | kèwuhan jawab ingsun | yèn konangan ingkang darbèni | supaya bisa luwar | ingsun jaluk rêmbug | kapriye bisane jawab | aywa nganti kêna ukum awak mami | guru tiga miyarsa ||

38. asru ngucap nyata sira maling | ora pantês rêmbugan lan ingwang | sira iku wong munapèk | duraka ing Hyang Agung | lamun ingsun gêlêm mulangi | pakartine dursila | mring panjawabipun | ora wurung katularan | nadyan ingsun datan anglakoni maling | yèn gêlêm mulangana ||

39. nalar bangsat paturane maling | yêkti dadi mèlu kêna siksa | Gatholoco pamuwuse | yèn sirèku tan purun | amulangi mring jawab maling | payo padha cangkriman | nanging pamintèngsun | badhenên ingkang sanyata | lamun sira têlu pisan tan mangêrti | guru tanpa paedah ||

40. kyai guru samya anauri | mara age saiki pasalna | cangkrimane kaya priye | manira arsa ngrungu | yèn wus ngrungu sayêkti bangkit | masa bakal luputa | ucapna dèn gupuh | angajak cangkriman apa | sun batange dimèn padha dèn saksèni | santri murid nonoman ||

3. Sinom

Cangkriman êndi kang tuwa: Dhalang wayang kêlir balencong

1. Gatholoco nulya ngucap | dhalang wayang lawan kêlir | balencong êndi kang tuwa | badhenên cangkriman iki | yèn sira nyata wasis | mêsthi wêruh ingkang sêpuh | Ahmad Arif ambatang | kêlir kang tuwa pribadi | sadurunge ana dhalang miwah wayang ||

2. balencong durung pinasang | kêlir ingkang wujud dhingin | wus jumênêng keblat papat | ngisor têngah lawan nginggil | mila tuwa pribadi | Abduljabar asru muwus | hèh Ahmad Arif salah | pambatangmu iku sisip | panêmuku tuwa dhewe kaki dhalang ||

3. anane kêlir lan wayang | kang masang balencong sami | wayang gaweane dhalang | mulane tuwa pribadi | tan ana kang madhani | anane dhalang puniku | ingkang karya lampahan | nyritakake ala bêcik | asor unggul tan liya saking ki dhalang ||

4. nulya Kyai Abdulmanap | nambungi wacana aris | karo pisan isih salah | padha uga durung ngrêti | datan bisa mrantasi | tur rèmèh kewala iku | mung nalar luwih gampang | ora susah nganggo mikir | sun ngarani tuwa dhewe wayangira ||

--- 9 ---

5. upama wong nanggap wayang | isih kurang têlung sasi | dhalange pan durung ana | panggonane durung dadi | wus ngucap nanggap ringgit | tutur mitra karuhipun | sun arsa nanggap wayang | ora ngucap nanggap kêlir | ora ngucap nanggap balencong lan dhalang ||

6. wus mupakat janma kathah | kang tinanggap apan ringgit | durung paja-paja gatra | wus muni ananggap ringgit | mila tuwa pribadi | Gatholoco alon muwus | Abduljabar Dulmanap | tanapi Si Ahmad Arif | têlu pisan pambatange padha salah ||

Batanganing cangkriman kang bênêr

7. yên mungguh pamêthèk ingwang | balencong tuwa pribadi | sanadyan kêlir pinasang | gamêlane wus miranti | dhalang niyaga linggih | yèn maksih pêtêng gènipun | sayêkti durung bisa | dhalange anampik milih | nyritakake sawiji-wijining wayang ||

8. kang nonton tan ana wikan | marang warnanira ringgit | margane isih pêtêngan | ora kêna dèn tingali | yèn balencong wus urip | kantar-kantar katon murub | kêlire kawistara | ing ngandhap miwah ing nginggil | kanan kering Pandhawa miwah Kurawa ||

9. ki dhalang nèng ngisor damar | bisa nampik lawan milih | nimbang gêdhe cilikira | tumrap marang siji-siji | watake kabèh ringgit | pinantês pangucapipun | awit pituduhira | balencong ingkang madhangi | pramilane balencong kang luwih tuwa ||

10. dene unining gamêlan | wayange kang dèn gamêli | dhalange mung darma ngucap | si wayang kang darbe uni | prayogi gêdhe cilik | manut marang dhalangipun | sinigêg gangsa ika | kaki dhalang masesani | nanging darma ngucap molahake wayang ||

11. parentahe ingkang nanggap | ingkang aran Kyai Sêpi | basa sêpi tanpa ana | anane ginêlar yêkti | langgêng tan owah gingsir | tanpa kurang tanpa wuwuh | tanpa rèh tanpa guna | ingkang luwih masesani | ing solahe wayang ucape ki dhalang ||

12. ingkang mêsthi nglakonana | ingkang ala ingkang bêcik | kang nonton mung ingkang nanggap | yèku aran Kyai Urip | yèn damare wus mati | kabèh iku dadi suwung | tan ana apa-apa | lir ingsun duk durung lair | têtêp suwung ora ana siji apa ||

13. basa kêlir iku raga | wayange suksma sajati | dhalange Rasul Mukhammad | balencong wahyune urip | iku upama Widhi | cahyane urip puniku | nyrambahi badanira | jaba jêro ngandhap nginggil | wujudira wujude Allah kang murba ||

--- 10 ---

14. yèn wayang mari tinanggap | wayange kalawan kêlir | sinimpên sajroning kothak | balencong pisah lan kêlir | dhalang pisah lan ringgit | marang êndi paranipun | sirnane blencong wayang | upayanên dèn kapanggih | yèn tan wêruh sira urip kaya rêca ||

15. benjang yèn sira palastra | uripmu ana ing êndi | saikine sira gêsang | patimu ana ing êndi | uripmu bakal mati | pati nggawa urip iku | ing êndi kuburira | sira gawa wira-wiri | tuduhêna dununge panggonanira ||

16. guru tiga duk miyarsa | anyêntak sarwi macicil | rêmbug gunêm ujarira | iku ora lumrah janmi | Gatholoco nauri | dhasar sun karêpkên iku | aja lumrah wong kathah | ngungkulana mring sasami | ora trima duwe kawruh kaya sira ||

Banjure bêbantahan ilmu

17. santri padha ambêk lintah | ora duwe mata kuping | anggêre amis kewala | cinucup nganti malênthi | ora ngrêti yèn gêtih | gandane amis tur arus | kinira madumangsa | yèn wus warêg mangan gêtih | amalêngkêr tan mêtu nganti sawarsa ||

18. wêkasan kaliru tampa | tan wruh têmah ndurakani | manut kitab mêngkap-mêngkap | manut dalil tanpa misil | amung ginawe kasil | sinisil ing rasanipun | rasa ni'mating ilat | lan rasane langên rêsmi | rasanira ing kawruh ora rinasa ||

19. têtêp urip tanpa mata | matamu mata soca pring | matamu tanpa paedah | matamu tan migunani | kyai guru mangsuli | muring-muring asru muwus | apa sira tan wikan | mring mataku loro iki | Gatholoco sumaur sirèku bêja ||

20. dene padha duwe mata | loro-loro guru siji | apa sira wani sumpah | yè[5] duwe mata kêkalih | guru tiga nauri | dhasar sayêktine ingsun | têtela duwe mata | têtêp loro mata mami | Gatholoco gumujêng sarwi anyêntak ||

21. sirèku wani gumampang | sayêkti bakal bilai | ngaku dudu matanira | sun lapurakên pulisi | mêsthine dèn talèni | angaku loro matamu | yèn nyata matanira | konên gilir gênti-gênti | prentahana siji mêlèk siji nendra ||

22. dadi salawasmu gêsang | ora kêna dimalingi | guru tiga samya ngucap | êndi ana mata gilir | Gatholoco nauri | tandhane nyata matamu | sira wênang masesa | saprentahmu dèn turuti | yèn tan manut yêkti dudu matanira ||

--- 11 ---

23. guru tiga samya mojar | aku wani sumpah yêkti | awit cilik praptèng tuwa | tan pisah lan rai mami | Gatholoco mangsuli | dene sira wani ngaku | matamu ora pisah | mata olèhmu ing êndi | apa tuku apa gawe apa nyêlang ||

24. apa sira winèwèhan | iya sapa kang mènèhi | kalawan saksine sapa | dina apa anèng êndi | guru tiga miyarsi | dhêlêg-dhêlêg datan muwus | wasana samya ngucap | gaweane bapa bibi | Gatholoco gumuyu alatah-latah ||

25. kiraku wong tuwanira | loro pisan padha mukir | karone ora rumangsa | gawe irung mata kuping | lanang wadon mung sami | ngrasakake ni'matipun | iku dadya jalaran | wujude ragamu kuwi | ora nêdya gawe rambut kuping mata ||

26. guru tiga nulya mojar | Allah Ingkang Maha Suci | ingkang karya raganingwang | Gatholoco anauri | prênah apa sirèki | kalawan Kang Maha Luhur | dene ta pinaringan | mata loro kanan kering | têlu pisan pinaringan grana lesan ||

27. guru tiga saurira | katrima pamuji mami | Gatholoco asru nyêntak | pujimu pujining Widhi | sira ora nduwèni | marang pangucap sadarum | iku ucaping Allah | yèn mangkono sira maling | wani-wani kadunungan barang gêlap ||

28. yèn tan bisa ndunungêna | kajêdhêgan ingkang dhiri | mêsthine dadi sakitan | ora kêna sira mukir | mêloke wus pinanggih | têka ngêndi asalipun | yèn asale tan wikan | matanira loro kuwi | ora kêna angukuhi matanira ||

29. sakèhing rèh lakonana | yèn tan manut sun gitiki | jalaran sira wus salah | kajêdhêgan sira maling | lah iku duwèk mami | sira anggo tanpa urus | saikine balèkna | ilange duk jaman gaib | ingsun simpên ana satêngahing jagad ||

30. saksine si wujud ma'na | cirine rina lan wêngi | ingsun rêbut tanpa ana | saiki lagya pinanggih | sira ingkang nyimpêni | santri padha tanpa urus | yèn sira tan ngulungna | sun lapurake pulisi | ora wurung munggah ing rad pangadilan ||

31. mêsthi sira kokum pêksa | yèn wêngi turu nèng bui | lamun rina nambut karya | sabên bêngi dèn kandhangi | beda kalawan mami | salawase ngong tumuwuh | sadurunge tumindak | ingkang dadya sêdya mami | agal alus kasar lêmbut ingsun nalar ||

32. murih aja dadi salah | Ahmad Arif anauri | gunêman karo wong edan | Gatholoco amangsuli | edanku awit cilik | kongsi mangke praptèng umur | ingsun tan bisa waras | sabên dina owah gingsir | nampik milih panganan kang enak-enak ||

--- 12 ---

33. panganggo kang sarwa endah | ingsun edan urut margi | nurut margane kamulyan | Abduljabar muring-muring | asru sumaur bêngis | rêmbugan lan asu buntung | Gatholoco angucap | bênêr olèhmu ngarani | sakrabatku bapa kaki buyut canggah ||

34. dhasare buntung sadaya | tan ana buntut sawiji | basa asu ma'na asal | buntut iku wus ngarani | ingsun jinising janmi | ora buntut lir awakmu | balik sira wong apa | sira gundhul anjêdhindhil | apa Landa apa Koja apa Cina ||

35. apa sira wong Bênggala | guru tiga anauri | ingsun iki bangsa Jawa | Mukhammad agama mami | Gatholoco nauri | sira wong kapir satuhu | Kristên agamanira | lamun sira bangsa Jawi | dene sira tan nêbut Dewa Bathara ||

36. agama Rasul Mukhammad | agamane wong ing Arbi | sira nêbut liya bangsa | têgêse sinipat kapir | tan sêbutmu pribadi | anggawe rusak uripmu | mulane tanah Jawa | kabawah mring liya jinis | krana rusak agamane kuna-kuna ||

37. wiwit biyèn jaman purwa | Pajajaran Majapait | wong Jawa agama Budha | jaman Dêmak iku salin | nêbut Rasulullahi | sêbute wong Arab iku | saiki sira tular | anilar agama lami | têgêsira jawa jawal kapir kopar ||

38. têgêse kapir kapiran | bangsa kapiran kabêsmi | aming amung sawatara | dadi mokale saiki | tan nganggo cara Jawi | Mukhammad agamanipun | angaku bangsa Arab | sira anèng tanah Jawi | têgêsira iku Kristên bangsa Arab ||

39. guru tiga duk miyarsa | sru nyêntak sarwi nudingi | Gatholoco sira gila | Gatholoco anauri | ingsun gila sayêkti | yèn wêruh kaya dhapurmu | wêdi bok katularan | ora duwe mata kuping | kawruhira amung jakat lawan pitrah ||

40. kyai guru tiga pisan | tyasnya runtik anauri | nyata sira anak jalang | Gatholoco amangsuli | iku bênêr tan sisip | bapa biyung kaki buyut | kabèh kêna ing pêjah | lamun wis tumêkèng jangji | yêkti mulih mring ajale padha ilang ||

41. kiraku manawa sira | mêtu saking rêca wêsi | dene wujud tanpa nyawa | sira ora duwe budi | kyai guru nauri | samya misuh trukbyangamu | Gatholoco angucap | iku bangêt trima mami | krana sira têlu pisan misuh mringwang ||

42. sira nuduhake biyang | ingsun iki tan udani | duk lair saking wadonan | amung ingkang sun gugoni | wong tangga kanan kering | bapa biyang ingkang ngaku | nganakake maringwang | iku ingkang sun sungkêmi | nanging batin ingsun ora wani sumpah ||

--- 13 ---

43. iya iku bapa biyang | ingkang wêruh lair mami | saikine sira bisa | nuduhake biyang mami | wismane ana ngêndi | lawan sapa aranipun | amba ciyute pira | duwèke wong tuwa mami | yèn tan wêruh iku ujar ambêlasar ||

44. krana ingsun nora wikan | wujude ingsun saiki | mujud dhewe tanpa lawan | Allah ora karya mami | anane raga mami | gaweanira Hyang Agung | duk anèng alam dunya | ana satêngahing bumi | lawan sira kala karya raganira ||

45. sawindu lawan sawarsa | rolas wulan pitung ari | pêndhak pasar ratri siyang | saêjam sawidak mênit | ora kurang tan luwih | wukune mung têlung puluh | raganingsun duk dadya | sarta wus wani nyampahi | wruhaningsun sanadyan saiki uga ||

46. badanku kêna ing rusak | urip mami angawruhi | saobah-osiking badan | Rasulullah andandani | krana ingsun kêkasih | kinarya Pangeran ingsun | marang sagunging sipat | nggêsangkên saliring tunggil | iya ingsun iya Allah ya Mukhammad ||

47. guru tiga asru mojar | sira wani angakoni | tunggal wujud lan Pangeran | apa kuwasamu kuwi | Gatholoco nauri | ngawruhi dadine lêbur | kalawan pêparêngan | karsane Kang Maha Suci | ingsun dhewe tan kuwasa apa-apa ||

48. ragèngsun wujuding Suksma | angawruhi ing Hyang Widhi | tumindak karsanira Hyang | awèh mosik liya mami | Mukhammad kang duwèni | pangucap paningal ingsun | pangganda pamiyarsa | dene lesan lawan dhiri | kabèh iku kagungane Rasulullah ||

49. ingsun ora apa-apa | mung pangrasa duwèk mami | iku yèn ana sihing Hyang | yèn tan ana sihing Widhi | duwèkingsun mung sêpi | basa sêpi iku suwung | tan ana apa-apa | lir ingsun duk durung dadi | têtêp suwung ora wêruh siji apa ||

50. Abduljabar nulya mojar | sira iku angakoni | wujudmu wujuding Suksma | ing mangka ragamu kuwi | kêna rusak bilai | ora langgêng sira wutuh | Gatholoco angucap | ingkang rusak iku bumi | kalimputan wujud mami lan Pangeran ||

51. ingsun Ingkang Maha Mulya | tan kêna rusak bilai | ingkang langgêng swarga mulya | kyai guru anauri | yèn mangkono sirèki | wêruh pêsthine Hyang Agung | kang durung kalampahan | Gatholoco anauri | wêruh pisan pêsthine mring raganingwang ||

52. ingsun pêsthi awak ingwang | wayah iki dina iki | jêjagongan lawan sira | mêngko gawe pêsthi maning | kang durung dèn lakoni | kanggone mêngko lan besuk | supaya aja salah | dadi ora kurang luwih | lamun salah ngrusak buku sastra angka ||

--- 14 ---

53. kalawan ngrusak gulungan | iku bangêt wêdi mami | wêdi manawa dinukan | marang ingkang juru tulis | mulane ngati-ati | gawe pêsthi aja kliru | kyai guru angucap | kang durung sira lakoni | bêkja sarta cilakamu besuk apa ||

54. anèng êndi kuburira | Gatholoco anauri | kuburan wus ingsun gawa | sabên dina urip mami | kalawan ngudanèni | ing sawatês umung ingsun | kalamun parêk 'ajal | sajroning rolas jam mami | lagya milih dina sarta wayahira ||

55. yèn gawe pasthi samangkya | papêsthène awak mami | bokmanawa luwih kurang | susah anggolèki pêsthi | bêcike sabên ari | anggawe papêsthèn iku | manut sênênging driya | dadi ora kurang luwih | ora angèl ora cidra ing sêmaya ||

56. Kyai Abduljabar ngucap | pêsthine marang Hyang Widhi | ingkang durung kalampahan | Gatholoco anauri | iku pêsthèning Widhi | dudu pêsthi saking ingsun | Allahku sabên dina | anggawe papêsthèn mami | anuruti marang kabèh karsaningwang ||

57. guru tiga sarêng ngucap | Gatholoco sira iki | nyata kasurupan setan | Gatholoco anauri | bênêr pan nora sisip | kala ingsun durung wujud | ana ing alam samar | tumêka ing jaman mangkin | setan ingsun durung pisah saking raga ||

58. basa setan iku seta | asaling bibit sakalir | wujud ingsun duk ing kuna | punika asale putih | lamun durung mangrêti | iya iku asal ingsun | purwa saking sudarma | tumêka kalamullahi | sayêktine ingsun asal kama pêthak ||

59. mênèk guru têlu sira | kama irêng ingkang dadi | dene buntêt tanpa nalar | Abdulmanap duk miyarsi | mojar mring Ahmad Arif | Abduljabar yèn sarujuk | wong iki pinatènan | lamun maksih awèt urip | ora wurung ngrusak syara Rasulullah ||

60. iku wong mbubrah agama | akarya sêpining masjid | Gatholoco asru ngucap | dèn enggal nyuduk mring mami | sapisan nyuduk jisim | pindho bathang sira suduk | ya ingsun utang apa | arsa matèni mring mami | saurira mung lêga rasaning driya ||

61. krana sira ngrusak syara' | Gatholoco anauri | syara' tan kêna rinusak | pinêsthi dening Hyang Widhi | syara'e wong abukti | linêbokkên lesanipun | kang saguh ngrusak syara' | yèn mangan lêbokna silit | iku têtêp aran janma ngrusak syara' ||

62. dene bangsane agama | sasênênge wong aurip | sanadyan agama Cina | lamun têrus lair batin | yêkti katrima ugi | guru têlu agamamu | iku agama kopar | agamaku ingkang suci | iya iku kang aran agama rasa ||

--- 15 ---

63. têgêse agama rasa | nuruti rasaning ati | rasaning badan lan lesan | iku kabèh sun turuti | rasaning lêgi gurih | pêdhês asin sêpêt kêcut | pait gêtir sadaya | sira agama punapi | saurira agamaku Rasulullah ||

64. Gatholoco asru ngucap | patut sira tanpa budi | aran ra punika raras | sul usul raras kang sêpi | sul asal têgêsnèki | mulane sirèku kumprung | guru tiga miyarsa | sigra kesah tanpa pamit | sakancane garundêlan urut marga ||

65. sangêt dènnya nguman-uman | Ahmad Arif muwus aris | Abduljabar Abdulmanap | salawasku urip iki | aja pisan pinanggih | kalawan wong ora urus | manusa tan wruh tata | jroning ngimpi ingsun sêngit | yèn kapêthuk sun mingkar tan sudi panggya ||

66. Gatholoco kang tinilar | anèng ngisoring waringin | rumasa yèn mênang bantah | mangkana osiking galih | bangêt kêpati-pati | angêkul samèng tumuwuh | sun kira luwih mana | pangawruhe guru santri | dene iku isih bodho kurang nalar ||

Gatholoco rumasa mênang bantahe

67. durung padha durung timbang | yèn tinandhing kawruh mami | durung nganti ingsun gêlar | kawruhku kang luwih èdi | prandene anglungani | kalah tan bisa sumaur | yèn mangkono sun kira | ingkang muruk tanpa budi | iku nyata setan ingkang mindha janma ||

68. lamun wulange manusa | mêsthine padha mangrêti | mring duga lawan prayoga | aywa karêm karya sêrik | mulane kudu eling | eling marang ingkang asung | asung urip kamulyan | upayanên dèn kapanggih | yèn pinanggih padhang têrang sagung nalar ||

69. yèn padhang têgêse gêsang | lamun pêtêng iku mati | janma ingkang duwe nalar | aran manusa sajati | yèn luwih wus ngarani | agal myang alus cinakup | tan kadya guru tiga | bodhone kêpati-pati | cupêt kawruh pêtêng nalar ma'nanira ||

70. Gatholoco gya lumampah | têtêmbangan urut margi | kêbo bang (sapi) kagok upama | sapisan maning pinanggih | bibis alit ing tasik (undur-undur) | ora mundur bantah kawruh | pêlêm gung mawa ganda (kuwèni) | kawuk ingkang mindha warni (slira) | bêcik ingsun ngêntèni lan ura-ura ||

Wangsalan pangura-urane Gatholoco

71. gudhe rambat (kara) puspa krêsna (tlasih) | manira pan isih wani | witing pari (dami) enthong palwa (wêlah) | ora nêdya kalah mami | araning wisma paksi (susuh) | mungsuh sira guru pêngung | parikan ulêr kambang (lintah) | ingsun sênêng bantah ilmi | wêlut wisa (ula) tininggal atiku gêla ||

--- 16 ---

72. mêndhung pêthak (mega) kunir pita (têmu) | muga-muga têmu maning | têpi wastra rinumpaka (kêmadha) | banjur padha maring êndi | kayu rineka janmi (golèk) | apa golèk guru jamhur | sarkara munggèng tala (madu) | arsa dèn adu lan mami | wadung rema (cukur) malah sokur yèn mangkana ||

73. jangkrik gung wismèng kêbonan (gangsir) | manira ora gumingsir | bêbasan putrane menda (cêmpe) | sakarêpe sun ladèni | jamang wakul (wêngku) upami | angajak apa sirèku | dhuh lae putêr wisma (dara) | nganggo sira mêjanani | kênthang rambat (katela) sandyan rupaku ala ||

74. mênyawak kang sabèng toya (slira) | prakara mung bantah ilmi | wulu bauning kukila (êlar) | kabèh nalar sun tan wêdi | sayêkti pintêr mami | tinimbang lan sira guru | kaca tumraping netra (têsmak) | ora jamak mêjanani | mulwa rêngka (srikaya) yèn sira luru saraya ||

75. kêmadhuh rujit godhongnya (rawe) | aywa suwe sun antèni | guru ngêndi srayanira | nadyan jamhur luwih wasis | ingsun wani nandhingi | angayoni bantah kawruh | masa ingsun mundura | yèku karsane Hyang Widhi | raganingsun yêktine darma kewala ||

76. Gatholoco sukèng driya | rêrêpèn alon lumaris | miling-miling mung priyangga | dumugi patopan mampir | manjing mring bambon linggih | ngambil klèlèt kang kinandhut | saglindhing dipun untal | mrasuk badan anyêgêri | kraos gatêl astane ngukur sarira ||

4. Pangkur

Kyai Guru Hasan Bêsari ing pondhok Cèpèkan

1. kacarita ing Cèpèkan | pondhok agêng panggenan santri ngaji | punika sampun misuwur | kawêntar manca praja | wontên kyai pinunjul jumênêng guru | 'alim jamhur tanpa sama | kang nama Hasan Bêsari ||

2. kajuwara yèn 'ulama | mila unggul ginuron para santri | muridipun tigang atus | ing wanci bakda 'isya | wusnya salat nèng langgar ngaji sadarum | kyai guru arsa mulang | kitab pêkih miwah tafsir ||

3. undha-usuk warna-warna | wontên santri ingkang lagya nitèni | ma'na lapal Kuranipun | ngasil-ingasil ika | samya takèn-tinakèn mring kancanipun | wontên ingkang sampun paham | ngapalakên kitab Sitin ||

4. tanapi sagunging kitab | sasênênge santri sawiji-wiji | santri ingkang sampun putus | ing ma'na lapal Kuran | mêncil mêncul madoni mring kyai guru | ma'nanira lapal Kuran | angambil sagunging misil ||

5. ingkang sampun kinawruhan | kang sawênèh ana santri pradondi | ing lapal ma'na puniku | udrêg pabên grêjêgan | santri kalih mara mêrak marang guru | gya kasaru tamu prapta | Abduljabar Ahmad Arif ||

--- 17 ---

6. miwah Kyai Abdulmanap | sabat nênêm datan pisah tut wuri | sinauran salamipun | kang ngaji tutup kitab | tamu wau nulya minggah nglanggar gupuh | apan samya sêsalaman | jawab tangan gênti-gênti ||

7. sawusira sêsalaman | sampun wrata sadaya para santri | munggèng langgar tata lungguh | Hasan Bêsari mojar | dene gati kados wontên karsanipun | pukul pintên pangkatira | saking pondhok Rêjasari ||

8. angling Kyai Abduljabar | bakda subuh pangkat wanci byar enjing | milanipun ngantos dalu | kêdangon wontên marga | mandhêg bantah kawon mêngsah tiyang kupur | Gatholoco namanira | dhapure botên mêjaji[6] ||

9. punika setan katingal | anak bêlis ambêkta wadung linggis | pan kinarya ngrusak ngrêmuk | ing syara' Rasulullah | ingkang lêrês dipun wadung têmah putus | yèn pokah rêbah binubrah | agami dèn obrak-abrik ||

10. sadaya syara' tinêrak | morak-marik sirik dèn orak-arik | amung nekad gasruh rusuh | jinawab mung sakêcap | gulagêpan kula tan bangkit sumaur | sagung haram rinampasan | ambubrah syara' lan sirik ||

11. wungkul akal mokal nakal | sangêt ngrèngkèl ngungkil nyrekal mêthakil | sakèh kawruh kabarubuh | sagung pasal kasingsal | dalil-dalil katail ing misilipun | kula mapan mung kasoran | kula nyingkring botên mlangkring ||

12. panggah bantah mêksa kalah | botên bêtah isin dèn iwi-iwi | sakèh padu dipun buru | sakèh jawab tan mênang | salin pisuh botên pasah saya rusuh | malah munggah ngarah sirah | lir maling nêdya anjiling ||

13. kula tansah kaungkulan | pijêr kojur botên sagêd ngungkuli | kula suwun mring Hyang Agung | salami kula gêsang | sampun ngantos kêpranggul tiyang kadyèku | yèn kêpêthuk kula nyimpang | jèjèra kula sumingkir ||

14. manah kula sampun jinja | krana saking kapok dèn iwi-iwi | Hasan Bêsari duk ngrungu | mring nalar kang mangkana | sanalika dènnya ngontor asru bêndu | jaja bang mawinga-winga | muring-muring waja gathik ||

15. netra andik angatirah | Kyai Hasan Bêsari ngucap bêngis | patut kang kaya dhapurmu | santri rèmèh kewala | bênêr sira mantholos êndhasmu gundhul | buntu buntêt tanpa 'akal | mung jakat kang sira incih ||

16. durung patut ginuronan | guru bodho kawruhmu mung sanyari | ora liya kabisanmu | marani anggêr wisma | kang ginawa kasang wadhah karag sêkul | bisane ndonga kabula | ngaji kulhu lamyakunil ||

17. ora padha kaya ingwang | marma gundhul kasundhul ing agami | mila putih surban ingsun | titih tètèh micara | kalah iki mêsthi ngambil saking iku | mila kêthu tarancangan | panjalin ingkang kinardi ||

--- 18 ---

18. kêrigên santri 'ulama | ora kewran kawruhku salin-salin | nrawang putus ngisor dhuwur | mila klambi kêbayak | bisa miyak marang kawruh agal alus | sabuk polèng manca warna | kawruh ingsun warni-warni ||

19. ilmu Jawa Landa Cina | Turki Koja Hindhu Bênggala Kêling | kabèh iku wus kacakup | sun simpên anèng kasang | kawruh Arab awit timur nganti lamur | kawruh Jawa tan kuciwa | dhasar ingsun bangsa Jawi ||

20. mila bêbêd sarung amba | ombèr jêmbar ngungkuli ingkang dakik | kabèh ilmu ingsun wêruh | nganggo têsbèh sanyata | kabèh kawruh ingkang luwih saking alus | ora nana bisa madha | amadhani marang mami ||

21. mulane nganggo gamparan | saparanku angungkuli sasami | mulane cis têkên ingsun | kumêcis nora cidra | anêrawang jaba jêro ngisor dhuwur | upamane ingsun kalah | mungsuh janma tanpa budi ||

22. sayêktine ingsun wirang | golèkana saiki ana ngêndi | Si Gatholoco wong kumprung | ingsun arsa uninga | mring warnane janma ingkang kurang urus | Ahmad Arif ujarira | duk wau sapungkur mami ||

23. tut wingking lampah kawula | kintên-kintên dalu punika ugi | nyipêng wontên kitha Pungkur | Hasan Bêsari ngucap | lamun mrene sun jèwère kupingipun | mungsuh janma ngrusak syara' | kalah lambene sun juwing ||

24. sun karya pangewan-ewan | duk samana dupi sampun byar enjing | wanci bakda salat subuh | prentah mring santri tiga | golèkana Gatholoco dèn katêmu | têkakna mring ngarsaningwang | santri tiga gya lumaris ||

Gatholoco dibutuhake kyai guru

25. datan winarna ing marga | santri tiga lampahnya sampun prapti | ing pacandon kutha Pungkur | nulya manjing ngêpakan | santri tiga pramana samya andulu | ing pacandon wontên janma | êndhèk cilik bokong canthik ||

26. tinakenan namanira | gya sumaur yèn sira takon mami | Gatholoco aran ingsun | santri tiga tuturnya | katimbalan sirèku mring ngarsanipun | guruning santri Cèpèkan | Kiyai Hasan Bêsari ||

27. kinèn sarêng lampah kula | Gatholoco malêlêng ngiwi-iwi | gela-gelo manggut-manggut | nanging kèndêl kewala | cangkêmipun macucu botên sumaur | nulya nêmbang ura-ura | larase mung anggêr muni ||

--- 19 ---

Gatholoco ngura-ura wangsalan

28. piyik anak manuk dara | pêdhèt iku jarene anak sapi | cêmpe cilik anak wêdhus | gudèl anak maesa | kirik cilik iku jare anak asu | bêlo kèpèl anak jaran | gênjik cilik anak babi ||

29. sêkar pucang jare mayang | sêkar mlathi jarene sêkar mlathi | kêmbang gêdhang jare jantung | yèn kêmbang klapa manggar | dhuh kêmbang mênur kêmbang mênur |[7] kêmbang pacar kêmbang pacar | kêmbang sruni kêmbang sruni ||

Gatholoco Panggil

30. santri murid kang dinuta | samya eram sadaya tyasnya gêli | kapingkêl-pingkêl gumuyu | wacana jroning driya | apa baya pancèn duwe lara gêmblung | dene pijêr ura-ura | bêcik kudu diasori ||

31. murid tiga angrêrêpa | sanjang malih sarana ngarih-arih | ingarah mung murih purun | mangga tumuntên pangkat | mring Cèpèkan manggihana kyai guru | manawi dèn arsa-arsa | kêdangon kula ngêntosi ||

32. Gatholoco klewa-klewa | sarwi ngucap apa sira tan uning | ingsun iki lagya ewuh | lan bangêt kêtagihan | lamun sira paripaksa ngundang mringsun | kêthumu bae sun sêlang | prêlu kanggo gadhèn dhingin ||

33. candu rong timbang kewala | nanging jangji sira têbus pribadi | mêngko yèn wus mêndêm ingsun | tumuli mangkat mrana | lamun sira ora lila kêthu iku | ingsun wêgah lunga-lunga | moh nêmoni kyai haji ||

34. santri tiga duk miyarsa | rêrêmbugan lawan rowange sami | lamun ora sinung kêthu | sayêkti tan lumampah | ora wurung kyai guru mêngko bêndu | upama ingsun wènèhna | luwih camah awak mami ||

35. sarta manèh eman-eman | isih anyar kêthu mung siji iki | durung suwe gonku tuku | lagi sapuluh dina | nanging priye mungguh owêl ngeman kêthu | cilaka nampani duka | luwih bêcik dèn turuti ||

36. santri duta kang satunggal | amangsuli mangkana dènnya angling | wus têtela nalar kojur | iku padha kewala | kêthu mami uga anyar olèh tuku | lawase satêngah wulan | rêgane srupiyah putih ||

37. kang satunggal tumut ngucap | ora beda anyare kêthu mami | lagi nganggo patang taun | mangka utang pitung wang | bayar nicil sêtèng sêtèng sabên esuk | sun lowongi durung êsah | isih kurang limang kêthip ||

38. nadyan camah awak ingwang | waton olèh alême guru mami | santri tiga samya muwus | niki kêthu kawula | tampènana Gus Ngantèn sampeyan pundhut | gadhèkna kula sumangga | saksana dipun tampèni ||

--- 20 ---

39. wusnya kêthu tinampènan | santri duta malah dèn iwi-iwi | ngisin-isin sarwi muwus | sirèku ngêntènana | kêthu tiga dipun gantosakên candu | rong timbang cinukit ngingkrang | sinêrèt bantalan dhingklik ||

Gatholoco ngura-ura wangsalan manèh

40. wus tuwuk panyêrètira | bêdudane nulya dipun sangkêlit | Gatholoco gya lumaku | dèn iring santri tiga | sadangune lumampah urut dalanggung | ngupaya sênênging driya | rêrêpèn sinawung gêndhing ||

41. bismillah sun ura-ura | sun wangsalan pêtis apyun (candu) upami | ana kêthu dadi candu | candu dadi gèlèngan | pathèk tungkak (bubul) gèlèngane dadi kêbul | kêbule mrasuk mring badan | sumrambah dadi nyêgêri ||

42. jênang sobrah (agêr-agêr) ancur kaca (rasa) | balung tipis munggèng pucuk dariji (kuku) | sêgêr dadi rosa mlaku | nanging ingkang kelangan | paribasan sabêt kuda (cêmêti) mêsthi gêtun | aranira tirta maya (wisuhan) | misuh-misuh jroning batin ||

43. dhuh bakul sotya kêncana (para) | sela ingkang kinarya ngasah lading (ungkal) | manira bakal katêmu | guru santri Cèpèkan | paksi alit kang dadya sasmitèng tamu (prênjak) | pêthèl panjang tanpa sangkal (tatah) | nêdya ngajak bantah ilmi ||

44. kadhal gung wismèng bangawan (bajul) | jambu ingkang isi lir mirah èdi (dlima) | sanadyan guru pinunjul | alim jamhur ulama | wadung pari (ani-ani) ingsun uga wani mungsuh | mrica kêcut dhêdhompolan (wuni) | sagêndhinge sun ladèni ||

Gatholoco tumêka ing pondhok Cèpèkan

45. dumugi pondhok Cêpêkan | kacarita ing pondhok para santri | miwah sagung para guru | mulat kang lagya prapta | maksih wontên plataran ngandhap wit jêruk | Kyai Abduljabar ngucap | mring Kyai Hasan Bêsari ||

46. tiyang makatên punika | najis mêkruh tan pantês minggah mriki | Hasan Bêsari sumaur | nadyan mêkruh najisa | nanging iku têkane saking karêpmu | bêcik kinèn munggah langgar | dimène tumuli linggih ||

47. rêgêd ora dadi ngapa | yèn wus lunga tilase disirami | Hasan Bêsari gya dhawuh | uwong ala lungguha | kono bae ing jrambah lor wetan iku | Gatholoco sigra minggah | marang langgar mapan linggih ||

48. sendheyan prênah lor wetan | bêdudane maksih dipun sangkêlit | nulya nithik karya latu | ngakêp rakok têgêsan | têgêsane sadriji kêbule mabul | mratani sajroning langgar | ambêtipun sêngak sangit ||

--- 21 ---

49. para santri tutup grana | wontên ingkang ngalih dènira linggih | Hasan Bêsari amuwus | sira jênêngmu sapa | wangsulane Gatholoco aran ingsun | Hasan Bêsari têtanya | apa kang sira sangkêlit ||

50. sumaur iki watangan | watangane cipta pikir kang êning | anadene pêntholipun | iki arane cupak | prêlu kanggo mapak kawruh ingkang luput | obate candu lan bakal | ron awar-awar kinardi ||

51. dadi arang ingkang tawar | yèn kacampuh obat kalawan mimis | ora wurung kêna bêndu | mimis glintiran madat | yèn wus awas patitise damar murub | lesane pucuking ilat | sêntile napas kang lungid ||

52. cethute aran dzatullah | rasa awor ngumpul dadi sawiji | manjing marang cêthutipun | rumasuk jroning badan | sumarambah kulit daging balung sungsum | tyas ingsun padhang nêrawang | ora kewran kabèh pikir ||

Bêbantahan Balsafah

53. Hasan Bêsari ngandika | sira wani mapaki kawruh mami | nganggo sira wani nglêbur | mring syara' Rasulullah | apa sira nampik urip dhêmên lampus | ora wêdi manjing nraka | ora melik munggah swargi ||

54. Gatholoco alon ngucap | kaya apa bisane nampik milih | wus pinêsthi mring Hyang Agung | sakèhing kasusahan | iku dadi duwèke marang wong lampus | dene sakèhing kamulyan | dadi duwèke wong urip ||

55. yèn wong urip iku susah | mêtu saking takdirira pribadi | ingkang gawe susah iku | dene Kang Maha Mulya | sipat murah puniku kagunganipun | nanging kabèh sipat samar | ora kêna tinon lair ||

56. sira ingkang tanpa nalar | endah-endah ingkang sira rasani | suwarga naraka iku | mangka katon wus cêtha | sapa-sapa ingkang mulya uripipun | iku ingkang manjing swarga | sapa mlarat manjing gêni ||

57. ya iku manjing naraka | Kyai Hasan Bêsari amangsuli | suwarga naraka iku | besuk anèng akhirat | Gatholoco sumaur sarwi gumuyu | lamun besuk ora nana | anane namung saiki ||

58. kyai guru saurira | nyata nakal rêmbuge janma iki | maido marang Hyang Agung | lan syara' Rasulullah | pancèn wajib pinatènan dimèn lampus | lamun maksih awèt gêsang | akarya sêpining masjid ||

59. Gatholoco alon ngucap | ora susah sira matèni mami | nganggo gaman tumbak dhuwung | saiki ingsun pêjah | Kyai Hasan Bêsari asru sumaur | iku lagi tatanira | wong mati cangkême criwis ||

60. awake wutuh lir rêca | Gatholoco alon dènnya nauri | yèn patine kewan iku | nganti gograge badan | mati aking ya iku patining kayu | yèn ilang patining setan | ingkang kaya awak mami ||

--- 22 ---

61. ora mujud ora ilang | mangka iku ingsun uga wus mati | kang mati iku nêpsuku | mulane kabèh salah | ingkang urip budi pikir nalar jujur | pisahe raga lan nyawa | kinarya tundhaning lair ||

62. iku ingkang aran sadat | pisahira kawula lawan Gusti | lunga pisah têgêsipun | dadi roh Rasulullah | yèn wis pisah ragane lan suksma iku | rasa pangrasa lan cahya | panggonane ana ngêndi ||

63. kyai guru saurira | bênêr ingsun luluh awor lan siti | rasa lan pangrasa iku | kalawan cahya gêsang | pan kagawa iya marang suksmanipun | kabèh munggah mring suwarga | Sang Ijrail ingkang ngirid ||

64. lamun suksmane wong Islam | kang nêtêpi salat limang prakawis | sarta akèh pujinipun | rina wêngi tan owah | anêtêpi jakat salat pasanipun | pitrah ing dina riyaya | yèn katrima ing Hyang Widhi ||

65. kaunggahakên suwarga | krana manut parentahe jêng nabi | kabèh olèh-olèh ingsun | kang wus kasêbut syara' | yèn suksmane wong kapir ingkang tan manut | dhawuhe Jêng Rasulullah | pinanjingakên yumani ||

66. awit mukir mring panutan | yèn wong kapir dadi satruning Widhi | Gatholoco asru muwus | dene Ingkang Kuwasa | nganggo nyatru marang wong kapir sadarum | lamun sira tan pracaya | maring kudrating Hyang Widhi ||

67. maido kuwasaning Hyang | dènnya karya warnane umat nabi | anane kapir puniku | sapa kang gawe kopar | lawan manèh ingkang karya uripipun | akarya bêja cilaka | tan liya Hyang Maha Suci ||

68. upama Allah duwea | satru kapir murtat mrang Hyang Widhi |[8] bêcik sadurunge wujud | tinitah anèng dunya | dadi ora duwe satru ing Hyang Agung | yèn mêngkono Allahira | iku ora duwe budi ||

69. dhêmên karya kasusahan | adu-adu wong Islam lawan kapir | beda kalawan Allahku | mêpêki ing aguna | anuruti sakarêpe umatipun | ora ana kapir Islam | beda-beda kang agami ||

70. têgêse aran agama | panganggone ngabêkti mring Hyang Widhi | ing sasêbut-sêbutipun | waton têrus kewala | tanpa salin agamane langgêng têrus | sapa kang salin agama | nampik agamane lami ||

71. iku kapir aranira | krana nampik papêsthène Hyang Widhi | agamamu iku kupur | nampik lêluhurira | sasat nampik papêsthènira Hyang Agung | panyêbutmu siya-siya | anêbut namaning Widhi ||

72. sira iku bisa kandha | lamun kapir suksmane manjing gêni | suksmane wong Islam iku | kabèh manjing suwarga | apa sira wis tau nglakoni lampus | wêruh suwarga naraka | panggonane anèng ngêndi ||

--- 23 ---

73. Hasan Bêsari angucap | kang kasêbut sajroning kitab mami | Gatholoco sru gumuyu | sira santri kêparat | ngandêl marang daluwang mangsi bukumu | nurun bukune wong sabrang | dudu tinggalan naluri ||

74. buku têmbung cara Arab | tan ngopèni buku saking naluri | sayêktine kabisanmu | mung kitab sêmbarangan | sira gawa olèh-olèh lamun lampus | katur marang Gusti Allah | bali ingkang duwe maning ||

75. bakale apa katrima | krana iku kagungane pribadi | sakèhe puji dhikirmu | kabèh pangucapira | iku uga kagunganira Hyang Agung | mangka sira aturêna | bali marang kang darbèni ||

76. apa nora nêmu dosa | iku kabèh kagungane Hyang Widhi | kapriye olèhmu matur | kyai guru saurnya | sira iku maido kitabing rasul | Gatholoco alon ngucap | tan pisan maido mami ||

77. sawuse sira tumingal | mring unine buku daluwang mangsi | pikirên kanyatahanmu | rasane saking sastra | sarta manèh sira iku mau ngaku | besuk lamun sira pêjah | anggawa sanguning brangti ||

5. Asmaradana

1. rèhning sira wis ngakoni | benjang lamun sira pêjah | rasakna badanmu kuwe | kalawan cahyamu gêsang | obah-osiking manah | anggawa lapal suksmamu | munggah mring suwarga loka ||

2. Sang Ijrail ingkang ngirid | sowan ngarsane Hyang Suksma | yèn mangkono sira kuwe | ora ngamungna nèng dunya | olèhmu dadi bangsat | anèng khirat dadi pandung | anggawa dudu duwèknya ||

3. sira anèng dunya iki | kadunungan barang gêlap | ora tuku ora nyilèh | sira anggo sabên dina | ing mangka anèng khirat | anggawa dudu duwèkmu | dunya khirat dadi bangsat ||

4. tanpa gawe jungkar-jungkir | nêmbah salat madhêp keblat | clumak-clumik kumêcape | angapalake alip lam | têgêse iku lapal | angawruhana asalmu | urip praptèng kailangan ||

5. sirèku kaliru tampi | ngawruhi asale wayah | subuh luhur myang asare | mahrib lawan bakda isya | sayêkti tanpa guna | sipat urip duwe irung | padha wêruh marang wayah ||

6. yèn mangkono sira kuwi | mung mangeran marang wayah | tan mangeran Ingkang Gawe | lamun bêngi sarta awan | pijêr kêtungkul wayah | ora mikir mring awakmu | urip praptèng kailangan ||

7. rasane badanmu kuwi | kagungane Rasulullah | cahyane uripmu kuwe | kagunganira Pangeran | obah-osiking manah | Mukhammad kang gawa iku | duwèkmu amung pangrasa ||

--- 24 ---

8. mangka sira gawa kuwi | ora sira ulihêna | balèkna marang Kang Duwe | yèn sira maksih anggawa | titipan tri prakara | apa sira ora lampus | kyai guru duk miyarsa ||

9. kêthune binanting siti | muring-muring ngucap sora | mring êndi gonku ngulihke | ingsun tan rumasa nyêlang | titipan tri prakara | Gatholoco gya gumuyu | sira urip tanpa mata ||

10. upama padhanging rawi | asalira saking surya | sirna kalawan srêngenge | kalamun padhange wulan | asale saking wulan | sirnane kalawan santun | bali manèh asalira ||

11. Hasan Bêsari nauri | krana ngapa rasanira | lan cahyamu urip kuwe | myang obah-osiking manah | tan sira ulihêna | marang Kang Kagungan iku | Gatholoco asru nyêntak ||

12. ingsun iki ora wani | ngulihake durung masa | yèn tan ana pamundhute | ingsun wêdi bok kinira | anampik sihirèng Hyang | manawa nêmu sêsiku | Hasan Bêsari angucap ||

13. kang kasêbut kitap mami | saking Nabi Rasulullah | mangka muni mrentahake | sakèhe umat Mukhammad | salat witri riraya | Gatholoco gya sumaur | sirèku kaliru tampa ||

14. kapriye salatmu kuwi | kang katur Nabi Mukhammad | kyai guru pangucape | salat witri iku iya | salat sakobêrira | Gatholoco alon muwus | sirèku kaliru tampa ||

15. yèn mangkono sira kuwi | dudu umat Rasulullah | dene sira ngèstokake | sariate nabi lima | êndi panêmbahira | mring Nabi Mukhammad iku | kyai guru saurira ||

16. sêmbah ingsun salat witri | iya ing samasa-masa | Gatholoco pamuwuse | sira iku santri blasar | mangka Nabi Mukhammad | têtela nabi panutup | tunggule nabi nadaya ||

17. parentahe ora sisip | wus kapacak anèng kitab | ingkang salah sira dhewe | kinèn sujud kaping lima | rina wêngi mangkana | esuk-esuk wayah subuh | sujud tumrap maring Adam ||

18. iku dudu Adam Nabi | adam suwung sujudana | kang suwung langgêng anane | marmanira sinujudan | dene luwih kuwasa | ngilangake pêtêng iku | kagêntèn padhanging surya ||

19. panase saya ngluwihi | saking kuwasaning Allah | surya iku darma bae | sakèhe manusa dunya | samya susah sadaya | krana saking panasipun | Nabi Mukhammad parentah ||

--- 25 ---

20. marang umatira sami | supaya padha sujuda | marang Kang Murbèng Alame | tatkala patang rakaat | kabèh padha nuwuna | mring sudane panas iku | lan sudane dosanira ||

21. lan padha nuwuna maning | linanggêngna kaluhuran | kaya luhure srêngenge | pramilane lama-lama | tumurun saya andhap | dadya asrêp panasipun | wong akèh ngarani asar ||

22. Nabi Mukhammad ningali | parèntah mring umatira | supayane sujud manèh | sarta padha nênuwuna | langgêng ananing Suksma | lan padha nuwuna iku | linanggêngna kaluhuran ||

23. Pangeran Kang Maha Luwih | angganjar ing asorira | linanggêngna kamulyane | dadine bisa kalakyan | tumurun saya andhap | mulane ngaranan surup | sira padha sumurupa ||

24. kuwasanira Hyang Widhi | bisa gawe pêtêng padhang | gawe unggul lan asore | kang padhang têgêse gêsang | kang pêtêng iku pêjah | Nabi Mukhammad andulu | parentah mring umatira ||

25. dèn purih sujuda maning | marang Ingkang Murbèng Alam | dene luwih kuwasane | bisa gawe pêtêng padhang | lan gawe pêjah gêsang | bilai asor lan unggul | lama-lama kang baskara ||

26. jagade dhatan kaèksi | pêtênge saya katara | amratani jagad kabèh | manusane alam dunya | rumasa kasusahan | krana saking pêtêngipun | amarga suruping surya ||

27. sagunge umat nuruti | nênuwun marang Pangeran | kanthi nangis panuwune | mulane ngaranan isya | têgêse anangisa | marang Ingkang Murbèng Luhur | nênuwun supaya padhang ||

28. kagêntèn padhanging sasi | sakèhe manusa suka | uninga wulan cahyane | padhang sarta ora panas | cacade mung pisahan | mulane ingaran santun | santun warna sabên dina ||

29. têgêse sasi samyasih | kyai guru aris mojar | kitab apa pathokane | Gatholoco angandika | Barulkalbi arannya | mangrêtine barul laut | dene kalbi iku manah ||

30. ati kang kaya jaladri | tanpa watês jêro jêmbar | lan manèh akèh isine | Hasan Bêsari têtanya | sira ora sêmbahyang | Gatholoco aris muwus | sêmbahyang langgêng tan pêgat ||

31. sujud mami sujud eling | keblatku têngahing jagad | barêng napasku sujude | napasku mêtu bun-bunan | salatku mring Pangeran | mêtu saking utêk ingsun | sêmbahyangku mring Hyang Suksma ||

--- 26 ---

32. ingkang mêtu lêsan mami | sêmbahyang mring Rasulullah | kang mêtu irungku kiye | ingkang dzat pratandhanira | iku taline gêsang | kabèh saking napas ingsun | sêbutku Allahu Allah ||

33. sira padha ora ngrêti | Rasulullah sabatira | iku durung linairke | lintang wulan lawan surya | alam dunya wus ana | yêkti tuwa suryanipun | iku kang kitab Anbiya ||

34. kang tinitahake dhingin | dening Hyang cahya Mukhammad | iku lawan sahabate | nanging wujud êroh samya | nèng jroning lintang johar | mangka lintang johar iku | wadhahe êroh sadaya ||

35. babonira saking urip | dadi saking nur Mukhammad | lintang rêmbulan srêngenge | ora liya asalira | pan saking nur Mukhammad | mangka lintang johar iku | dadi pusêre Mukhammad ||

36. yèn sira maido mami | dadi nampikakên sira | mring Kuran sêsêbutane | Hasan Bêsari miyarsa | rumaos kaungkulan | mangkana dènira muwus | wis Gatholoco minggata ||

37. Gatholoco anauri | sun linggih langgare Allah | kabênêran panggonane | iki anèng têngah jagad | ingsun sênêng kapenak | linggih langgar karo udut | ngêntèni prentahing Allah ||

Hasan Bêsari kalah bantahé

38. sakala Hasan Bêsari | sidhakêp kèndêl kewala | puwara alon wuwuse | wus dadi prasêtyaningwang | kalamun bantah kalah | kabèh iki darbèkingsun | sira wajib mêngkonana ||

39. ingsun rila lair batin | langgar wisma barang-barang | pasrah sah duwèkmu kabèh | santri murid ing Cèpèkan | ingkang sênêng ngawula | marang sira anggêguru | wulangên ilmu utama ||

40. para kyai mitra mami | ingsun sumarah kewala | apa kang dadi karsane | manira saiki uga | nêdya lunga lêlana | kabèh kèria rahayu | Hasan Bêsari gya mangkat ||

41. nalangsa rumasa isin | saparan kalunta-lunta | katiwang-tiwang lampahe | ingkang kantun ing Cèpèkan | Gatholoco sineba | para murid tigang atus | andhèr samya munggèng ngarsa ||

Gatholoco pêpeling marang para sahabat

42. Gatholoco sukèng galih | angandika mring sahabat | sanak-sanak ingsun kabèh | yèn sira arsa raharja | poma-poma elinga | aywa tiru lir gurumu | anggêpe sawênang-wênang ||

43. kang mangkono ora bêcik | ngina-ina mring sasama | umat iku padha bae | pintêr bodho bêcik ala | bêja lawan cilaka | wong kuli tani priyantun | lanang wadon ora bêda ||

--- 27 ---

44. wus pinêsthi mring Hyang Widhi | tan kêna ingowahana | papêsthène dhewe-dhewe | mulane bêcik narima | aywa katungkul sira | urip iku bakal lampus | anèng dunya ngèlingana ||

45. aja jub riya kibir |[9] sumêngah gunggung sarira | opèn dahwèn panastène | karêm dora pitênahan | jail silib melikan | angapusi agal alus | anggluwèh dhêmên sikara ||

46. aja pisan ladak êdir | watak angkuh nguja hawa | aja warêg mangan sare | nglakonana sawatara | ingkang sabar tawakal | ingkang sumèh aja nêpsu | ngajèni marang sasama ||

47. aja sira gawe sêrik | aja sira gawe gêla | aja gawe wêdi kagèt | iku aran najis haram | nyandhang mangan ingkang sah | iku lakune wong ilmu | tan kêna kanthi sêmbrana ||

6. Kinanthi

Gatholoco apitutur soal pasêmoning ilmu

1. kudu ingkang nrimèng pandum | sumarah karsaning Widhi | manusa darma kewala | saikine sun takoni | apa mantêp trusing driya | ngaku bapa marang mami ||

2. lamun sira wus tuwajuh | gugunên pitutur iki | nanging sira aja samar | tan kêna maido ilmi | yèn maido kêna cêndhak | uripe kamulyannèki ||

3. kabèh sira anak ingsun | badhenên pasêmon iki | lamun bêngi ana apa | yèn awan ingkang ngêbêki | apa ingkang ora nana | satuhune iya êndi ||

4. adoh tanpa wangên iku | cêdhak tan senggolan iki | yèn adoh katon gumawang | yèn cêdhak datan kaèksi | lamun isi ana apa | yèn suwung luwih mratani ||

5. lêmbut tan kêna jinumput | agal tan kêna tinapsir | ingkang amba langkung rupak | kang ciyut wiyar nglangkungi | bumbung wungwang isi apa | sapa nèng ngarêpmu kuwi ||

6. yèn lanang tan duwe jalu | yèn wadon tan duwe bêlik | iya kene iya kana | iya ngarêp iya buri | iya kering iya kanan | iya ngandhap iya nginggil ||

7. baitane ngêmot laut | kuda ngrap pandêngan nênggih | tapaking kuntul ngalayang | pambarêp adhine ragil | si wêlut ngêlèng ing parang | kodok ngêmuli lèngnèki ||

8. wong bisu asru calathu | jago kluruk jro dhogneki | wong picak amilang lintang | wong cebol anggayuh langit | wong lumpuh ngidêri jagad | anèng êndi susuh angin ||

9. anèng êndi wohing banyu | myang atine kangkung kuwi | golèk gêni gawa diyan | wong ngangsu pikulan warih | kampuh putih tumpal pêthak | kampuh irêng tumpal langking ||

--- 28 ---

10. tumbar isi tompo iku | randhu alas angrambati | mring uwit sèmbukan ika | sagara kang tanpa têpi | rambut irêng dadi pêthak | ingkang pêthak saking êndi ||

11. irênge mring êndi iku | kalawan kang diyan mati | urube mring êndi ika | golèkana kang pinanggih | yèn tan wêruh siya-siya | durung sampurna kang ilmi ||

12. ingkang sarah munggèng laut | gagak kuntul saba sami | duk mencok si kuntul ika | si gagak ana ing êndi | gagak iku nulya têka | si kuntul mibêr mring êndi ||

13. prayoga kudu sumurup | kabèh sira anak mami | pralambang iku rasakna | kang katêmu padha jati | sajatining rasa ika | rasa jroning jalanidhi ||

14. sasmitanên ingkang wimbuh | kawruhana ucap iki | kalawan pangrungunira | sarta paningalmu ugi | tan ana ucap dwi ika | dadi solah-tingkahnèki ||

15. ora sak tan sêrik iku | tan têsbèhmu dzatullahi | kang krasa yèn datan mangan | dèn krasa yèn minum nênggih | sêmbahyanga dèn karasa | dèn krasa dzatullah kuwi ||

Gatholoco mêdharake soal-jawabing ilmu

16. kang wus sawural Allahu | iku aran salat daim | ana manèh ingaranan | martabate kasdu kuwi | lawan ta'rul ta'yin ika | mangrêtine kasdu kuwi ||

17. pikarêpe niyat iku | ciptane ingkang dumadi | dene ta'rul têgêsira | pamêkasing niyat nênggih | dumadine panggraita | mangrêtine ingkang ta'yin ||

18. iku nyata yèn satuhu | wasesane niyat kuwi | dumadine ingkang cipta | cêthane iku sayêkti | ingkang kasdu kuwi iman | ingkang ta'rul iku tohid ||

19. kang ta'yin ma'rifat iku | kang iman yèn ana kuwi | ing niyat ingkang gumlethak | yêkti iku ora sêrik | tansah ningali ing Allah | kang tohid nênge myang osik ||

20. glèthèke paningal iku | pamyarsa pangucapnèki | nyata angên-angênira | ingkang glethakakên Widhi | myarsa ngucapakên pêsthinya |[10] Allah ta'ala ngimbuhi ||

21. dadi aja sak srik iku | tingalira mring Hyang Widhi | anadene kang ma'rifat | iku nênge lawan mosik | anênggih paningalira | pangrungu pangucapnèki ||

22. dadi lan ing dhèwèkipun | têgêse iku sayêkti | bila têsbèh lire ika | tan loro kaanannèki | apan mung Allah kewala | ingkang mosik mênêng kuwi ||

--- 29 ---

23. pamiyarsa lan pandulu | nyatane kaanan iki | poma aja sak srik ika | sasmita sariranèki | kang dèn ucap ingkang ngucap | tan liya Kang Maha Suci ||

24. kudu ingkang awas emut | ora nana liya maning | lamun sira tinakonan | apa pangajape Widhi | mangkene wangsulanira | pangawruh ingsun mring Widhi ||

25. kawimbuhan ilmunipun | Pangeran Kang Maha Suci | ana manèh soalira | apa ingkang dèn arani | sakêcap sarta satindak | mênêng mung sagokan kuwi ||

26. nulya saurana gupuh | ujar sakêcap puniki | kang ngucap nênggih Hyang Suksma | kang mlaku satindak Widhi | kang mênêng sagokan ika | ingkang wus angèl golèki ||

27. Hyang Suksma ya dhirinipun | sarta lamun dèn takoni | pira martabating tingal | saurana tri prakawis | tasnip ingkang kaping pisan | insan kamil kaping kalih ||

28. kadil kapri kaping têlu | tansip idêp têgêsnèki | insan kamil kang sampurna | iku kadya roh idlafi | utawa tansip sêmunya | tingal luluh sampurnaning ||

29. wahyu iku têgêsipun | ingkang paningale sidik | iku têtêp wahyunira | pramilane samya wajib | dèn wêningna prabedanya | anggènira aningali ||

30. mring nabi wali mukminu | nabi têtêp tingalnèki | dene para mundur ika | ing tingale wali mukmin | pira martabating lampah | wangsulana dwi prakawis ||

31. dhingin kadya gêni iku | kaping kalih kadya angin | sêmune kang kadya brama | pênêt panase pribadi | têgêse siramrih enggal | panrima kasuwèn dening ||

32. ingkang angin têgêsipun | pênêt tan kêna pinurih | têgêse wus ora pisan | susah angulati malih | pira martabating badan | saurana tri prakawis ||

33. wondene ingkang rumuhun | kadya tanggal ping pat nênggih | ping dwi kadya tanggal sanga | tanggal ping patbêlas ping tri | têgêse tanggal kaping pat | tulis lair tulis batin ||

34. kadya tanggal sanga iku | luluh sirna têgêsnèki | kaananira Pangeran | tanggal ping patbêlas kuwi | dene sasêdyane sama | kadya kang dadèkkên nênggih ||

35. wus tumêka wangênipun | têkane kawula kuwi | ora kadya yèn dadia | dadi Gusti kang sayêkti | nanging yêkti dadi uga | pira martabat pamanggih ||

36. saurana lima iku | kang dhingin klêthêking ati | ingkang kaping kalihira | katêpêking lampah nênggih | panjriting tangis ping tiga | kêthuk nutu ping pat nênggih ||

--- 30 ---

37. clèrèt ngantih ping limèku | dene panjriting wong nangis | lawan klêthêking wardaya | myang têpêking wong lumaris | tuhune iku pangucap | martanipun akhir kadi ||

38. kadya kapilaku iku | ing tekade kang wus tampi | calèrèting ngantih ika | lir sipat jamalullahi | kêthuking nutu upama | wêdale pangucapnèki ||

39. nyata ora mamang iku | ora susah angulati | Hyang Agung Kang Maha Mulya | kang ngucap iku Allahi | poma aja pindho karya | puniku ingkang sajati ||

40. martabate bumi iku | saurana tri prakawis | dzating roh idlafi ika | kaping pindho roh jasmani | kaping têlu tanpa prênah | tanpa tuduh tanpa yêkti ||

41. kang aran Mukhammad iku | kang hakiki kang majaji | iku nuli saurana | kang aran Mukhammad Nabi | dene kang hakiki ika | iya dzatullah idlafi ||

42. Nabi Mukhammad puniku | anênggih ingkang majaji | dzatullah jasadi ika | kang hakiki kang majaji | loro-loroning atunggal | nyatane yèn sira kuwi ||

43. ingkang tanpa prênah iku | lawan tanpa tuduh kuwi | ing hakekate dzatullah | tan liya pêsthi sirèki | krana sajatine sira | poma aja pindho kardi ||

44. martabat nugrahan iku | lamun sira dèn takoni | pira nugrahaning sadat | saurana tri prakawis | iku ingkang ping sapisan | ngêningake imannèki ||

45. ping dwi ngêningkên tyasipun | anadene kang kaping tri | nglampahake panggaotan | nugrahaning salat nênggih | saurana tri prakara | mêgat karsa ingkang dhingin ||

46. tinggal cipta kalihipun | amadhêp ingkang kaping tri | nugrahaning takbir pira | saurana tri prakawis | dhingin kawruh dwi kawruhnya | jatining wêruh kaping tri ||

47. pituturku durung rampung | nanging iku bae dhisik | krana ingsun arsa lunga | ora lawas ingsun bali | mrene manèh mulang sira | dimène imbuh mangrêti ||

7. Gambuh

Gatholoco lunga andarung lakune

1. anak murid sirèku | kabèh padha kèria rahayu | lilanana saiki manira pamit | Gatholoco mangkat gupuh | lumampah ijèn kemawon ||

2. midêr-midêr ngêlantur | sêdyanira angupaya mungsuh | sagung pondhok guru santri dèn lurugi | binantah ing kawruhipun | yèn kalah dipun pêpoyok ||

--- 31 ---

3. ana ingkang ginuyu | kapok kawus santri kang tan urus | wus dilalah karsaning Kang Maha Luwih | Gatholoco tyas kalimput | mêngku takabur ing batos ||

4. pangrasanira iku | sapa mênang padon karo aku | padu kawruh ingsun wus punjul sasami | marmane manggih sêsiku | kasiku dening Hyang Manon ||

5. kang sipat samar iku | Gatholoco tan rumasa luput | yèn andulu ingkang bangsa lair batin | kaelokaning Hyang Agung | karya lakon langkung elok ||

6. Gatholoco andarung | lampahipun têrus minggah gunung | Endragiri wastanira ingkang wukir | sadaya santri ing gunung | binantah kawruhnya kawon ||

7. jêjanggan para wiku | rêsi buyut wasi lan manguyu | dèn lurugi bantah kawruh syara' ilmi | ingkang kawon dèn gêguyu | Gatholoco asru moyok ||

8. solah tingkah kumlungkung | ngrèngkèl nakal rêmên nyrekal digung | watak êdir ilmu syara' dèn pabêni | mila saya camahipun | ya ta gênti winiraos ||

Endhang Rêtna Déwi Lupitwati ing dhépok Cêmarajamus

9. ing Endragiri gunung | wontên endhang gêntur tapanipun | apêparab Rêtna Dèwi Lupitwati | sadaya punggawanipun | samya èstri maksih anom ||

10. satunggal wastanipun | apêparab Dèwi Mlênukgêmbuk | nama Dèwi Dudulmêndut kang satunggil | mêrak ati dhasar ayu | cantrik kalih ugi wadon ||

11. satunggal namanipun | akêkasih Dèwi Rara Bawuk | kang satunggal Dèwi Blèwèh kang wêwangi | gapyak sumèh kaduk cucut | nèng ngarsa gusti tan adoh ||

12. sang rêtna dhepokipun | yèku dhepok ing Cêmarajamus | pratapane ing guwa Sèluman wêrit | angkêr sinêngkêr barukut | botên sêmbarangan uwong ||

13. bangkit uningèng ngriku | yèn tan antuk lilane sang ayu | dene lamun wus kêparêng dèn idèni | kaidèn ingkang amêngku | sinome guwa katongton ||

8. Sinom

Gatholoco manjing dhepok Cêmarajamus

1. ingkang samya nèng asrama | Rêtna Dèwi Lupitwati | lagya sakeca ngandikan | lawan cèthi êmban cantrik | kagèt dupi umèksi | dhumatêng wau kang rawuh | sajuga janma priya | lênggah sandhing para èstri | Mlênukgêmbuk sigra nabda atêtanya ||

--- 32 ---

2. lah sira iku wong apa | wani malbèng Endragiri | rupamu ala tur kiwa | pinangkanira ing êndi | lan sapa kang wêwangi | angakua mumpung durung | cilaka siya-siya | apa tan kulak pawarti | lamun kene larangan katêkan priya ||

3. Gatholoco tansah nyawang | botên pisan amangsuli | mêndongong kèndêl kêwala | lir bisu mung clumak-clumik | malah angiwi-iwi | lingak-linguk kukur-kukur | dèrèng purun cantênan | nudingi mring cantrik èstri | dangu-dangu sumaur ngucap mangkana ||

4. sun iki janma utama | nyata yèn lanang sajati | kêkasih Barangpanglusan | lan aran Barangkinisik | têtêlu jênêng mami | ananging ingkang misuwur | manca pat manca lima | tanapi mancanagari | Gatholoco punika aran manira ||

5. omahku ing têngah jagad | pinangkane saking wuri | nuruti sêdyaning karsa | pramilane praptèng ngriki | prêlu arsa pinanggih | marang sirèku wong ayu | dhuh mirah pujaningwang | lamun condhong sun rabèni | Mlênukgêmbuk muring-muring asru nabda ||

6. gumêndhung si asu ala | lancang pangucap kumaki | dêksura tindak sêmbrana | adol bagus marang mami | ingsun tan pisan sudi | andêlêng marang dhapurmu | bêcik sira minggata | aja katon anèng ngriki | eman-eman panggonan dèn ambah sira ||

7. wangsulane gêmang lunga | malah sira mirah nuli | nurutana karsaningwang | dhuh wong ayu sun rabèni | mangsuli manas ati | wuwuse saya dalurung | si anjing kêna sibat | tan kêna ginawe bêcik | mara age tutugna dak-kêpruk bata ||

Gatholoco ngrêrêpi wangsalan

8. Gatholoco saurira | widhêng galêng (yuyu) dhuh maskwari | wong ayu bok aja duka | kuwuk mangsa kolang-kaling (luwak) | ron kang kinarya kikir (rêmpêlas) | wêlasana awak ingsun | parikan jênang sela (apu) | apuranên sisip mami | jalak pita (kapodhang) sun cadhang dadia garwa ||

9. baita kandhêg samudra (labuh) | lara wirang sun labuhi | terong alit dhêdhompolan (ranti) | bok aja nganti sawarsi | bibis kulinèng tasik (undur-undur) | sayêkti tan nêdya mundur | wastra kang mawa tumpal (sarung) | yên durung mondhong sirèki | isih cuwa atiku pan durung lêga ||

10. lan manèh ngong ngrungu warta | gustimu Sang Lupitwati | misuwur lamun waskitha | pintêr mring sabarang ilmi | tan ana kang ngungkuli | sarta wus jumênêng wiku | lamun kapara nyata | manira arsa nandhingi | bantah kawruh sakarsane ilmu apa ||

--- 33 ---

Ambatang cangkrimané Déwi Mlênukgêmbuk

11. Mlênukgêmbuk saurira | badhenên cangkriman mami | lan soale gustiningwang | Rêtna Dèwi Lupitwati | soale êmban cantrik | yèn sira ngrêti sadarum | nadyan rupamu ala | gustiku Sang Lupitwati | apadene para cèthi cantrikira ||

12. mêsthine nurut kewala | kabèh gêlêm anglakoni | Gatholoco alon mojar | apa têmên tan nyidrani | upamane ngapusi | apa sira wani tanggung | yèn sira ora dora | sun jawabe ing samangkin | lah ucapna cangkrimane kaya ngapa ||

13. Mlênukgêmbuk alon mojar | ana uwit agung siji | pang papat godhonge rolas | kêmbange tanpa winilis | wohe amung kêkalih | mung sawiji trubusipun | mubêng wolu pangira | puniku ingkang sawiji | anadene cangkriman ingkang satunggal ||

14. ingsun ningali maesa | kathahe amung kêkalih | nanging têlu sirahira | badhenên cangkriman kuwi | Gatholoco miyarsi | reka-reka tan sumurup | malênggong palingukan | kêcap-kêcap kêthip-kêthip | Mlênukgêmbuk gumujêng alatah-latah ||

15. kowe manèh yèn bisaa | ambatang cangkriman iki | dhapurmu ala tur kiwa | Gatholoco anauri | mêngko dhisik pinikir | supaya bisa katêmu | mara padha rungokna | wong kabèh kang anèng ngriki | sun badhene bênêr luput saksènana ||

16. ananging kalamun salah | aja padha ngisin-isin | bismillah mbadhe cangkriman | cangkrimane wong mrak ati | wit agung mung sawiji | iku jagad têgêsipun | pang papat iku keblat | godhong rolas iku sasi | trubus siji êpang wolu iku warsa ||

17. kêmbang tanpa wilang lintang | minangka woh loro kuwi | anane surya rêmbulan | lan manèh ingkang sawiji | sira iku ningali | kêbo loro dhase têlu | iku wus dadi lumrah | kêbo alam dunya iki | lanang wadon kêtêl wulu sirahira ||

18. Gatholoco alon ngucap | apa bênêr apa sisip | mangkono pambatang ingwang | mring cangkrimanira iki | Mlênukgêmbuk miyarsi | wus kabatang soalipun | rumasa yèn kasoran | sedhot mundur sarwi nglirik | alon ngucap saiki narima kalah ||

Ambatang cangkrimané Déwi Dudulmêndut

19. Dudulmêndut sira mapan | mèsam-mèsêm angèsêmi | wus ayun-ayunan lênggah | Gatholoco nulya angling | soal apa sirèki | sun badhene cangkrimanmu | Dudulmêndut angucap | mangkene cangkriman mami | mara age badhenên ingkang pratela ||

--- 34 ---

20. ing êndi prênahe iman | ing êndi prênahe budi | ing êndi prênahe kuwat | apa ingkang luwih pait | lan ingkang luwih manis | luwih atos saking watu | apa kang luwih jêmbar | ngungkuli jêmbaring bumi | apa ingkang luwih dhuwur saking wiyat ||

21. apa ingkang luwih panas | ngungkuli panasing gêni | luwih adhêm saking toya | luwih pêtêng saking wêngi | êndi aran ningali | lan êndi kang luwih luhur | êndi kang luwih andhap | apa ingkang luwih gêlis | akèh êndi wong gêsang lawan wong pêjah ||

22. wong sugih lawan wong nistha | wong jalu lawan wong èstri | wong kapir lawan wong Islam | mara badhenên saiki | Gatholoco nauri | prênahe iman puniku | anèng jantung gonira | ing utêk prênahe budi | otot balung prênah panggonane kuwat ||

23. prênahe wirang ing mata | ing dunya kang luwih pait | batine wong kang malarat | dene ingkang luwih manis | batine wong kang sugih | lamun wong kang luwih lumuh | kang blilu tan wruh sastra | ingkang aran aningali | iku janma ingkang wruh ilmuning Allah ||

24. ing êndi kang luwih pêrak | ing dunya kang luwih gêlis | ingkang luwih bungahira | iku marmaning Hyang Widhi | kang amba luwih bumi | yêkti pandêlêng puniku | landhêp luwih kang braja | iku nalare wong lantip | ingkang adhêm luwih toya ati sabar ||

25. luwih atos saking sela | atine wong dhangkal pikir | atine wong kang brangasan | panase ngungkuli gêni | wong jalu lan wong èstri | yêkti akèh wadonipun | sanadyan wujud lanang | tan wêruh têgêse èstri | kêna uga sinêbut sasat wanita ||

26. wong urip lan wong palastra | têmêne akèh kang mati | sanadyan wujude gêsang | kalamun wong tanpa budi | iku prasasat mati | wong sugih lan wong nisthèku | mêsthi akèh kang nistha | sanadyan sugih mas picis | lamun bodho tanpa budi tanpa nalar ||

27. kêna sinêbut wong nistha | tan duwe pakarti benjing | kalamun ing rahmatullah | wong Islam lawan wong kapir | Islam kapir mung lair | yèn tan ana anggitipun | manawa datan wikan | pranatanira agami | têtêp kapir yêktine janma punika ||

Ambatang cangkrimane Dèwi Rara Bawuk

28. wong iku nyata pintêran | tan kêna dèn mêjanani | Dudulmêndut mundur sigra | sarwi awacana aris | wus bênêr ora sisip | saikine ingsun têluk | Rara Bawuk gya mapan | mangkana dènira angling | dika bêdhèk gus ngantèn cangkriman kula ||

29. kabèh ingkang sipat gêsang | kang ana ing dunya iki | pangucape pirang kêcap | mangka lèklu iku klimis | Gatholoco miyarsi | reka-reka tan sumurup | mêlênggong palingukan | gèdhèg-gèdhèg angucêmil | Rara Bawuk gumujêng alatah-latah ||

--- 35 ---

30. sarwi kêplok bokongira | angènjêpi ngisin-isin | sira manèh yèn bisaa | anjawab cangkriman mami | dhapurmu anjênginggis[11] | kaya antu lara ngêlu | Gatholoco angucap | buh bênêr buh luput iki | sun badhene dhiajêng cangkrimanira ||

31. ucape kang sipat gêsang | kang ana ing dunya iki | pan amung salikur kêcap | nora kurang nora luwih | dene sastra kang muni | pan iya amung salikur | kabèh ucaping jalma | kang ana ing dunya iki | lèklu klimis iya iku têgêsira ||

32. têlèk nèng alu lêsungan | yèn dicêkêl yêkti amis | salawase durung ana | têlèk ingkang mambu wangi | Rara Bawuk miyarsi | yèn kajawab soalipun | rumasa katiwasan | ora wurung dirabèni | sênthot mundur sumingkir sêmu kisinan ||

Ambatang cangkrimane Dèwi Blèwèh

33. angucap ingsun wus kalah | saprentahmu sun lakoni | gantya Dèwi Blèwèh mapan | lênggah nêdya bantah ilmi | Sang Dèwi Blèwèh angling | badhenên cangkriman ingsun | isine alam dunya | kabèh ana pirang warni | lawan pira rasane lamun pinangan ||

34. sun andulu wujudira | adêge wolung prakawis | pikukuhe raga tunggal | sipat papat keblat kalih | patbêlas ingkang kèri | kang loro tutup-tinutup | samya manjêr bandera | kêkalih pating karingih | lah badhenên mangrêtine kadiparan ||

35. Gatholoco duk miyarsa | reka-reka tan mangêrti | mung dhêlêg-dhêlêg kewala | Dèwi Blèwèh ngisin-isin | lenggak-lenggok nudingi | malerok sarwi gumuyu | sira masa bisaa | ambatang cangkriman mami | wong dhapurmu saru kiwa irêng mangkak ||

36. Gatholoco saurira | mêngko sun pikire dhisik | bismillah badhe cangkriman | cangkrimane gêndhuk kuwi | isine dunya iki | amung sanga kathahipun | ingkang kinarya ngetang | angkane mung sangang iji | ora nana ingkang luwih saking sanga ||

37. sawuse jangkep sadasa | bali marang siji maning | iku tandhane mung sanga | isine ing dunya iki | kabèh mung sanga kuwi | kaanane rupa iku | yêktine nêm prakara | wijange sawiji-wiji | irêng biru putih kuning ijo abang ||

38. liya iku ora nana | rupa ingkang manca warni | iku padha ngêmu rasa | dene kabèh kang binukti | ing alam dunya iki | rasane mung ana wolu | lêgi gurih kalawan | pait gêtir pêdhês asin | sêpêt kêcut ganêpe wolung prakara ||

--- 36 ---

39. adu bokong têgêsira | gênah lamun asu anjing | padha adu bokongira | ngadêg suku wolung iji | keblatira kêkalih | madhêp ngalor lawan ngidul | sipate iku papat | matanira patang iji | lawangane bolongan ana patbêlas ||

40. cangkêm irung miwah karna | silite kalawan prêji | gunggunge kabèh patbêlas | kang tutup-tinutup sami | panjinge dakar prêji | pating krêngih êndêmipun | dene umbul pulêtan | bandera buntute kalih | ting jalênthir lir bandera karo pisan ||

41. apa bênêr apa ora | mangkono pambatang mami | mara age wangsulana | Dèwi Blèwèh duk miyarsi | kajawab soalnèki | sakalangkung gêtun ngungun | garjita jroning nala | pinasthi kalawan takdir | awak ingsun kinanthi wong kaya sira ||

9. Kinanthi

1. Dèwi Blèwèh nulya mundur | sarwi awacana manis | ingsun wus rumasa kalah | sakarêpmu sun lakoni | manira manut kewala | ora sumêdya nyelaki ||

Ambatang cangkrimane Rêtna Déwi Lupitwati

2. namung kantun kusumayu | Rêtna Dèwi Lupitwati | mapan lênggah arsa bantah | Gatholoco nabda aris | sirèku kèri priyangga | êmbane kalawan cantrik ||

3. kalah bantah padha mundur | sira Dèwi Lupitwati | apa nutut apa bangga | sabudimu sun kêmbari | rêtna dèwi angandika | apa saujarmu kuwi ||

4. yèn sira ngarani têluk | yêktine têluk wak mami | yèn sira ngarani bangga | sabênêre ingsun wani | mung iki cangkriman ingwang | kathahe têlung prakawis ||

5. badhenên ingkang dumunung | têgêse wong laki rabi | lan têgêse wadon lanang | têgêse sajodho kuwi | Gatholoco saurira | ora susah nganggo mikir ||

6. prakara cangkriman iku | têgêse wong laki rabi | ingkang aran wadon lanang | ingsun uga wus mangrêti | mung rèmèh gampang kewala | rungokna pambatang mami ||

7. têgêse wong lanang iku | ala kang têmênan kuwi | iya iku ananingwang | rupane ala ngluwihi | wadon iku têgêsira | gênah panggonane wadi ||

8. wadine wong wadon iku | wujude wujudmu kuwi | sabênêre luwih ala | dunung sarta asalnèki | acampur kalawan priya | tuduhna kang ala iki ||

--- 37 ---

9. mula rabi aranipun | wong lanang amêngku èstri | rahab ngrahabi sadaya | kang ala lawan kang bêcik | mula lanang aranira | aja nglendhot marang èstri ||

10. mung iku pambatang ingsun | apa bênêr apa sisip | Lupitwati aturira | pukulun pêpundhèn mami | saèstu lêrês sadaya | marmane amba samangkin ||

11. nrimah kawon sampun têluk | sumanggèng karsa nglampahi | muhung asrah jiwa raga | tan pisan nêdya gumingsir | ing dunya praptèng dêlahan | têtêp mantêp lair batin ||

Gatholoco mulang para garwa

12. Gatholoco sukèng kalbu | gumujêng sarwi mangsuli | tuturira sun tarima | lan manèh wiwit saiki | sirèku kabèh kewala | têtêp dadi garwa mami ||

13. mulane sira sadarum | kudu manut gurulaki | sabarang parentah ingwang | abot ènthèng aywa nampik | lamun nampik siya-siya | tan wurung sida bilai ||

14. wus lumrah wong lanang iku | wajibe mêngkoni rabi | sanadyan rupane ala | nanging pantês dèn ajèni | sinêmbah mring garwanira | krana aran gurulaki ||

15. solah tingkah murih patut | satiti angati-ati | tan kêna kanthi sêmbrana | yèn sêmbrana ora bêcik | sanadyan lunga sadhela | kudu pamit marang mami ||

16. kajaba kang kadi iku | rungokna pitutur mami | amurih salamêtira | aywa karêm karya sêrik | dèn sabar aywa brangasan | ngajènana mring sasami ||

17. upama sira katêmu | marang pamitranmu yayi | kalamun sira micara | kudu ingkang sarwa manis | dimène rêna kang myarsa | aywa nganti dèn ewani ||

18. yèn sira micara saru | utawa dhêmên ngrasani | mring alane liyan janma | sayêkti akèh kang sêngit | datan sênêng malah ewa | sinêbut wong kurang budi ||

19. upamane ana tamu | dèn enggal sira nêmoni | kang srèsèh nuli bagèkna | linggihane ingkang rêsik | sirèku kang lêmbah manah | sokur bisa nyugatani ||

20. sanadyan tan bisa nyuguh | nanging sumèh ulat manis | têmbunge gapyak sumanak | rumakêt sajak ngrêsêpi | supaya tamune suka | sênêng ora gêlis mulih ||

--- 38 ---

21. yèn sira sêmu marêngut | kang mradhayoh yêkti wêdi | kinira kalamun ladak | utawa kinira êdir | dèn arani ora lumrah | datan kurmat mring sasami ||

22. watak andhap asor iku | wêkasane nêmu bêcik | raharja sugih têpungan | kinèringan mring sasami | linulutan pawong mitra | akèh ingkang trêsna asih ||

23. kang garwa samya tumungkul | sadaya matur wotsari | dhuh pukulun kasinggihan | wulangipun gurulaki | saliring dhawuh paduka | sayêkti kawula pundhi ||

Têtêngêr sajatining wadon lan sajatining lanang

24. Gatholoco alon muwus | rèhning sira wus ngantêpi | marma saking karsaningwang | kêpengin arsa udani | pratandhane kang sanyata | apa bênêr sira èstri ||

25. samêngko mrih gênahipun | manira arsa nontoni | mring prênah têtêngêrira | wujude ingkang sajati | sirèku padha lukara | supaya cêtha kaèksi ||

26. para garwa alon matur | dhuh pukulun kadipundi | dene paring dhawuh lukar | kawula lumuh nglampahi | krana saking botên lumrah | nalar saru tan prayogi ||

27. Gatholoco asru bêndu | tuturmu padha ngantêpi | mantêp lair batinira | mituhu mring gurulaki | kayaparan ing samangkya | tan miturut prentah mami ||

28. lamun rèwèl datan manut | sirèku bakal bilai | sidane nêmu cilaka | katiban gitik panjalin | wong siji kaping limalas | lan manèh sun sêpatani ||

29. ananging yèn padha manut | nurut marang karêp mami | sawuse lukar busana | nuli marang tilam sari | awak ingsun pijêtana | supaya kêsêle mari ||

30. para garwa samya manut | tyas ajrih dèn supatani | sadaya lukar busana | Gatholoco duk umèksi | gumujêng alatah-latah | sarwi ngingkrang munggèng kursi ||

31. mangkana dènira muwus | saiki katon sajati | wus cêtha nyata wanita | têngêre wadon kaèksi | warna-warna datan padha | ana gêdhe ana cilik ||

32. rèhning cêtha wus kadalu[12] | wujudnya sawiji-wiji | akarya rênaning driya | ing samêngko sun lilani | kabèh padha tutupana | ngagêma busana maning ||

--- 39 ---

33. yèn sirèku arsa wêruh | marang sajatining laki | duwèkingsun tingalana | bêcike apa saiki | utawa mêngko kewala | sakarêpmu sun turuti ||

34. lamun sira ngajak ngadu | duwêkmu lan duwèk mami | manira manut sakarsa | gêlêm bae ingsun wani | sira ngajak kaping pira | manira saguh ngladèni ||

35. rêtna dèwi alon matur | pukulun pêpundhèn mami | prakawis nalar punika | amba tan kapengin uning | dhumatêng wujuding priya | nuwun gunging pangaksami ||

36. kang awit pamanggih ulun | kirang prêlu aningali | kawula datan mêntala | lan malih botên prayogi | pramilane botên susah | paduka paring udani ||

37. Gatholoco alon muwus | dhuh wong ayu mêrak ati | sumèh sêmune prasaja | susilèng solah rêspati | wangsalan iki rungokna | wulang mring sira wong manis ||

10. Dhandhanggula

Wangsalan wulang wanodya

1. jayèng sastra êmpaning lêlungid | sirik agêng jênênging wanudya | luput barang rèh wurine | wruh ing wêkasanipun | teja panjang kang ngêmu warih (kluwung) | sinjang agêming priya (bêbêd) | kang kêdah sinawung | pawèstri kathah rubeda | taji sawung (jalu) ganda pangusaping lathi (lênga krawang) | kalupute kawangwang ||

2. putran dhênta (pratima) ron aglar ing siti (uwuh) | pêlêm agung kang galak gandanya (kuwèni) | ewuhaya pratikêle | wanita tindak dudu | kuda mijil ing tamansari (kalisahak) | piring siti (cowèk) upama | dadya dhèwèkipun | angrusak badan priyangga | sari tala (malam) dhadhaking ron (talutuh) sun wastani | nalutuh alam dunya ||

3. kisma rêmpu (lêbu) atmaja Jumiril (Umarmaya) | marma èstri tan kalêbu wêca | nata prabu ing Tasmitèn (Gêniyara) | kaca kang tanpa ancur (ram) | gawe eram ingkang ningali | pantês yèn piniyara | talatahing laut (muwara) | ing tekad angayawara | jamang wastra (têpi) ojating wong awêwarti (kaloka) | nêtêpi ing saloka ||

4. gingsiring wulan purnama sidhi (grahana) | bêbayi sah kang saking tuntunan (puput) | graitanên satuntase | ingkang tumibèng luput | tambang palwa (wêlah) ingsun wastani | parikan jênu tawa (tungkul) | pan aja katungkul | ing solah kang tanpa karya | mênyan kuning (wêlirang) kang toya saking jasmani (kringêt) | èngêta kawirangan ||

--- 40 ---

5. ing Ngajêrak pêpatih nata jin (Sannasal) | pulas langking kang kinarya sastra (mangsi) | kèksi-èksi wêkasane | tanpa asil ing laku | sêmbahyange janma minta sih (salat hajat) | katrapaning manusa (dhêndha) | dhêndhaning Hyang Agung | tanpa kajating panyipta | yasa ranu (balê kambang) Narendra Bojanagari (Suryawisesa) | kumambang ing wisesa ||

6. janma wirya (mukti) salendro jroning pring (suling) | dipun eling-eling wong agêsang | aja manggung mukti bae | dhuh babo jamang wakul (wêngku) | sêkar pandhan mawur kasilir (pudhak) | nadyan têdhaking nata | sajagad winêngku | barat gung mrawasèng wrêksa (prahara) | jarot pisang (sêrat) ana mlarat ana sugih | wus kaprah alam dunya ||

7. Putri Mandura (Sumbadra) kang jamang kudhi (karah) | nadyan trahing janma sudra papa | lamun bêcik pamarahe | aji Nata Salyèku (candhabirawa) | putêr alit ginantang nginggil (prêkutut) | patut sira anggoa | condhongna ing kalbu | wiku raja ing Kusniya (Bawadiman) | Sarkap putra (Samardikaran) dèn gêmi simpên wêwadi | ywa kongsi kasamaran ||

8. tawon agung kang atala siti (tutur) | wikan nugraha wulang akhirat (swarga) | yèn siranggo tutur kiye | nywargakkên bapa biyung | nyarambahi mring kaki nini | salawase raharja | mitra karuh lulut | yèn kêna godhaning setan | sapu gamping (usar) garwa Hyang Guru Pramèsthi (Bathari Durga) | durgama karya sasar ||

9. widhêng galêng ( yuyu) Kumbayana siwi (Aswatama) | têgêse èstri ayu utama | pratandha sêrat pangrêmbe (pèngêt) | cipta tyas tan kawêtu (graita) | kang wus lêpas graita lantip | ngêt-èngêt ing kawignyan | pangumbaring puyuh (jajah) | anjajah saruning badan | jala panjang (krakad) suluke wayang kalithik (sêndhon) | yèn kaledhon ing tekad ||

10. kênthang rambat (katela) gancaring wong ngringgit (lakon) | têtelada èstri kang utama | kang prayoga lêlakone | singa lir munggèng kasur (kucing) | kênya putri Kartanagari (Susilawati) | yèn tan susilèng priya | pan kuciwèng sêmu | dêkunging sabda tanaga (taklim) | gugur parlu (batal) nora batal ing wêwadi | wong taklim sapadhanya ||

Gatholoco pamit lunga marang Cèpèkan

11. rêtna dèwi matur awotsari | saking dhawuh piwulang paduka | muhung nuwun pangèstune | mugi-mugi jinurung | badan kula bangkit nglampahi | Gatholoco ngandika | dhuh sira wong ayu | ayune ayu têmênan | aywa kagèt ingsun lilanana pamit | saiki ingsun lunga ||

12. krana prêlu kangên arsa tilik | anak murid ing pondhok Cèpèkan | besuk bali mrene manèh | sira kèri rahayu | Gatholoco pangkat pribadi | ing marga tan winarna | kacarita sampun | dumugi pondhok Cèpèkan | para murid dupi miyat ingkang prapti | sukèng tyas kanthi kurmat ||

--- 41 ---

11. Kinanthi

Gatholoco jumênêng gurunadi

1. Gatholoco praptanipun | ing Cèpèkan pondhok santri | langkung sukaning wardaya | aningali para murid | samya sangêt kurmatira | dhumatêng sang gurunadi ||

2. nulya minggah langgar gupuh | sêsalaman gênti-gênti | ri wusnya samya salaman | para murid nilakrami | wilujêng rawuh paduka | Gatholoco anauri ||

3. iya saking pandongamu | ingsun ginanjar basuki | sasuwene ingsun tilar | sira kabèh anak murid | apa padha kawarasan | santri murid awotsari ||

4. pangèstu brêkah pukulun | palimarmaning Hyang Widhi | sadaya kawilujêngan | maksih langgêng kados lami | Gatholoco angandika | kapriye wulangku nguni ||

5. apa sira isih emut | sokur lamun ora lali | aturnya maksih kèmutan | kawula sangêt kapengin | nuwun mugi kasambunga | lajêngipun kadospundi ||

6. Gatholoco alon muwus | panjalukmu sun turuti | sirèku aywa sumêlang | uga bakal sun sambungi | lah mara padha rungokna | manira tutur saiki ||

Mêdharake banjure soal-jawabing ilmu

7. nugrahaning budi iku | saurana tri prakawis | cipta ning kang kaping pisan | panggraita kaping kalih | sang panyipta kaping tiga | kanugrahaning roh kuwi ||

8. saurana iku têlu | anadene ingkang dhingin | urip tan kalawan nyawa | ingkang kaping kalih kuwi | ora angên-angên liyan | Allah kewala kaping tri ||

9. tan ana woworanipun | ingkang wahdatil mujudi | nugrahan sakarat pira | saurana tri prakawis | kang dhingin adhêpanira | idhêp ingkang kaping kalih ||

10. madhêp ingkang kaping têlu | lamun sira dèn takoni | nugrahaning iman pira | saurana tri prakawis | sokur ingkang kaping pisan | tawakal ingkang ping kalih ||

11. sabar ingkang kaping têlu | pira nugrahaning tohid | saurana dwi prakara | krana têtêp ingkang dhingin | wêdi kaping kalihira | nugrahan ma'rifat jati ||

--- 42 ---

12. sira sumaura gupuh | iku namung saprakawis | ana ing kaananira | anênggih karsa rasaning | rasa wisesa prayoga | martabate kramat kuwi ||

13. mangrêtine ana têlu | karêm af'al para mukmin | para wali karêm sifat | akarêm dzat para nabi | lire karêm ing dzatullah | ya sok ana asihaning ||

14. ingkang karêm sifat iku | uga ana gumlèthèking | lire karêm afalullah | mila ana obah-osik | yèn sêbit paningalira | êning kabuka sayêkti ||

15. ing sifat jamal puniku | jamal kamal kahar nênggih | dumadine imanira | sakbul gumlèthèking ati | dadine olèh sampurna | sampurnaning gêsang nênggih ||

16. martabate nyawa iku | lamun sira dèn takoni | kathahe namung satunggal | iya iku roh idlafi | mung sawiji marganira | têgêse urip puniki ||

17. ora nana urip têlu | ingkang mêsthi mung sawiji | lamun sira tinakonan | êndi Allah ing saiki | iku nuli saurana | sapa ingkang ngucap kuwi ||

18. aja ta sirèku umyung | yèn sira dudu Hyang Widhi | yêktine ingkang dèn ucap | kang ngucap tan liyan Widhi | nanging kudu kawruhana | ing panarima sayêkti ||

19. ana ingkang nrima iku | kadya toya lawan siti | lawan ingkang kaya udan | apadene kaya wêsi | kalawan kaya samudra | ingkang kaya lêmah warih ||

20. dèn rumêsêp têgêsipun | ora pêgat kang rohani | têgêse kang kadya udan | datan pêgat tingalnèki | ana manèh kadya tosan | sakarsanira mrentahi ||

21. ginawea arit wêdhung | pêthèl wadung kudhi urik | ora owah sifatira | isih bae wujudnèki | ingkang upama samudra | pituduh ingkang prayogi ||

22. puniku mêsthine antuk | ing ujar sakêcap tuwin | ing laku satindak lawan | amênêng sagokan nênggih | lamun wis kadya samudra | ora owah tingalnèki ||

23. sira andulu-dinulu | ora nana tingal kalih | ora nana ucap tiga | dadi sampurna salating | wêruh paraning sêmbahyang | wêruh paraning ngabêkti ||

24. nyata bênêr ora kusut | lan wêruh paraning osik | wêruh paraning nêngira | wêruh paraning miyarsi | wêruh paraning pangucap | wêruh paran ngadêg linggih ||

--- 43 ---

25. lan wêruh paraning turu | wêruh paranira tangi | wêruh paraning mêmangan | wêruh paran nginum warih | wêruh paran ambêbuwang | wêruh paran sêne nênggih ||

26. wêruh paran sênêng nêpsu | wêruh paraning prihatin | wêruh paran ngidul ngetan | mangalor mangulon kuwi | wêruh paraning mangandhap | wêruh paraning manginggil ||

27. wêruh paran têngah iku | wêruh paranira pinggir | wêruh paraning palastra | wêruh paraning urip |[13] wêruh kabèh kang gumêlar | kang gumrêmêt kang kumêlip ||

28. tan samar wêruh sadarum | anane sasmita iki | sira kabèh poma-poma | anak ingsun para murid | sirèku aywa sêmbrana | wêruha rasaning tulis ||

29. dene sira yèn wis wêruh | kêkêrana ingkang wêrit | aywa umyung pagêrana | aywa sêmbarangan kuwi | nganggo duga kira-kira | aywa dumèh bisa angling ||

30. lan manèh aywa kawêtu | mring wong ahli syara' nênggih | yèn maido têmah kopar | karana rêrasan iki | ora amiyarsa syara' | amung sajatining ilmi ||

31. ingkang rèntèng ingkang racut | tan ana kaetang malih | caritane soal ika | padha anggitên ing batin | dadi wijange sadaya | sira ingkang ahli budi ||

 


kawi. (kembali)
Biasanya guru lagu o: murid sami lunggoh. (kembali)
engkar. (kembali)
siriking. (kembali)
yèn. (kembali)
mbêjaji. (kembali)
Kurang tiga suku kata: adhuh kêmbang mênur jare kêmbang mênur. (kembali)
Kurang satu suku kata: satru kapir murtat marang Hyang Widhi. (kembali)
Kurang satu suku kata: aja ujub riya kibir. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: myarsa ngucapkên pêsthinya. (kembali)
11 anjêngginggis. (kembali)
12 kadulu. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: wêruh paraning aurip. (kembali)