Nitiprana, Kamajaya, 1979, #1078

JudulCitra
Terakhir diubah: 21-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serat Nitiprana, pethikan saking Kitab Sipatul Ngulaka

1. Dhandhanggula

1. Pamêdharing sarkaraning manis | manising têmbung kaliyan têmbang | têmbunging sastra campure | Arab lan Jawinipun | kalihira tan kêna sisip | lumampah kalih ira | cinupêt tan purun | yèn pisah salah satunggal | yêkti gagal ngilangkên yudanagari | nagara iku rosa ||

2. Kuwating nagara gigirisi | kuwating sarak sabab rumêksa | wajib ngrêksa kukum kabèh | kukum pan kuwat kukuh | angukuhi prakarèng buri | yèn mêngkono ta padha | wêdia mring kukum | patrapna yudanagara | yèn kêtêmu karone dadia bêcik | bêcik slamêt raharja ||

3. Lah punika sarjuning kang nulis | manthêng ing tyas susêtya ngulama | nglapaskên panggraitane | graitane wong punggung | anggung gawe agunggung dhiri | dhirinira kèwêran | tan wêruh ing kawruh | warah wuruk pan tinêrak | nêrak sarak nora wande nêmu sarik |

--- 20 ---

rusuh rusak kaprangkat ||

4. Sakarêpe rikuh ngrusak ati | ati tiwas ing pati tan nawas | awit akèh was-uwase | wuwusên sujanayu | karahayon ngèsthi ing budi | tumindak ing dadalan | dalan kang mrih luhung | tuturing tyas sabar drana | têgêsira ngeklasna kalbu kang sukci | dimên mancur tyasira ||

5. Mancur ing tyas iku anyumuki | marang badan awakira dhawak | sumrambah kabêcikane | nyupêt cilakanipun | suka sukur ingkang pinanggih | uga manggih kagungan | sinêbut wong agung | anggênggêng santosanira | rinasanan wong iku ambêk basuki | nguswèng tyas karaharjan ||

6. Harjaning tyas bisa milawani | marang sakèhe napsu kang ala | kang bênêr pinarèkake | sumingkir marang mêrdut | mêrdut dudut ati tan bêcik | bêcika cuma dhonga[1] | mring Gusti kang Agung | gung nalanggêng[2] mring Hyang Suksma | Suksma nrima ing panuwuning kang abdi | yèn têmên tinêmênan ||

7. Jroning Kitab Sipatul Ngulaki | tandhaning wong kang kurang budinya | ana pratandha awake | solah pangucapipun |

--- 21 ---

kang kanggonan jatining budi | yèn katêkanan balak | ing sariranipun | winalês ing kabêcikan | mring kabuka marang ing sasami sami | wong luput ingapura ||

8. Dene purwa tutungguling budi | kaping kalih mantêp idhêpira | ingkang bêciki awake | lan wêruh sriranipun | yèn wong luhur dipun andhapi | tur nora palacidra | marang saminipun | dene tandha kaping tiga | iya karêm wong iku panggawe bêcik | nyimpang panggawe ala ||

9. Tandha ping pat jatmika ing budi | momot ujar tandha kaping lima | ngucap barang pangucape | sarta kalawan ngèlmu | tandha ping nêm karêm amikir | tansah maca istikpar | eling uripipun | lamun awêkasana pêjah |[3] kaping pitu kalamun nandhang prihatin | panrimaning nugraha ||

10. Nuli ilang dènira prihatin | dene linimput ing panarima | lan andhap asor ambêke | wus jangkêp kaping pitu | budi ala ginoncang eblis | iya pitung prakara | dene kang rumuhun | dhêmêne anganiaya | yèn angucap wong iku adoh lan ngèlmi |

--- 22 ---

sêmbrana amrih cacad ||

11. Kapidhone digumunggung dhiri | nora dhêmên apawongsanakan | manawa asor dhèwèke | dene kang kaping têlu | tatakrama dèn orak-arik | ingkang kaping sakawan | kêrêng sarta lêngus | ping lima jail wadulan | kaping nême angumpêt panggawe bêcik | dene kang kaping sapta ||

12. Nora sabar katêkan bilai | pan wus jangkêp kang sapta prakara | iku pancabaya gêdhe | rasakna putraningsun | marang kojah kang wuri-wuri | kalamun sira bisa | matrapkên pitutur | kang wus kasêbut ing ngarsa | iku badan umarêk mring Mahasukci | sarta lawan nugraha ||

13. Utamane kalakuwan iki | lakonana samubarang karya | kukuhana ing bêcike | kang tega tinggal luput | kêncêngana bênêrirèki | dèn kukuh aywa kongkah | kang supaya bakuh | eklasna ninggal kang ala | lire ala ingkang tinggal saking bêcik | bêcik iku raharja ||

14. Arja jaya pan aja gumingsir | singkirêna ati kang bêlasar | dimên adoh sar bêsare | sasare ing panêmu |

--- 23 ---

panêmune wong ahli ngèlmi | akèh kang matèkêna | marang badanipun | iku ngèlmuning gupala | nora wande yèn kêkêl anèng yumani | tingal mati tan awas ||

15. Sira kaki dipun ngati-ati | ing nganane ngèlmu dèn waspada | dèn têrus lawan dalile | miwah Kadising Rasul | dèn nastiti dipun mêthuki | marang para utusan | samudayanipun | apa kang winartakêna | sayêktine kabar iku nora kidip | yêkti sangking Hyang Sukma ||

16. Wong kang sampun binuka ing ngèlmi | datan ana ingkang kinarêman | amung madhêp ing nguripe | ngrêksa sakèhing lacut | laku sabar madhêp ing Gusti | tan arsa dhinginana | karsaning Hyang Agung | tan duwe daya-upaya | amung rila mring Hyang ingkang Maha Sukci | iku tekad kang nyata ||

17. Pan sanadyan wus kadya punapi | kamulyane pan durung karuwan ma |[4] masih pasrah mring kang gawe | yèn wis sawise durung | lah ta êmbuh rasan puniki | yèn sira tinarbuka | yêkti sira nggayuh | kalamun tinarbukaa | yêkti bingung pêngung mêngêng bibingungi | bingung kang sampun ngongang ||

--- 24 ---

18. Lire ngongang bingung mênêng kaki | saking jroning tekad ingkang êkak | sira aja gumangluwèh | yèn sira gêlêm laku | amartapa laku kang bêcik | bok manawa ta sira | tinarbukèng kawruh | iku ijèh bokmanawa | nanging uga lakonana ingkang margi | sarta palaling Suksma ||

19. Antêpana dènira ngabêkti | miwah pasa ing sakira-kira | lungguh pitêkur lan mêlèk | kibir sumungah ujub | iya iku utangên kaki | adohna kang ngatêbah | drubiksa têtêlu | iku panggodhaning manah | yêku angèl pambuwange iku kaki | kudu krakêt kêwala ||

20. Iku ingkang ngalingi ing gaib | jare Kitab Sipatul Ngulaka | iku kijab ingkang gêdhe | lan malih aywa purun | tampi riba marang sasami | yèn dhêmên tampa riba | marakake kuwur | ngangèlake ing sakarat | jroning pati dunya riba mêmêtêngi | lah padha rasakêna ||

21. Jroning pati riba kang malangi | nyirnakake ati ingkang padhang | bingung-bingung pangrasane | riwut-riwêt tyas kuwur | yuwanane lumayu gêndring |

--- 25 ---

tan gêpokan senggolan | tan ana kang tulung | pramila dipun prayitna | supayane ing pati nêmu patitis | têtêpna atinira ||

22. Pranatanên lumunturing ati | lunturêna pranatan kang nyata | dimên titi trang driyane | yèn uwis têrang têrus | anêratas paraning pati | tatanên ingkang tata | dèn awas pandulu | dulunên kang Maha Mulya | nirna prana ilangna kang ngaling-aling | lolosên kari nyawa ||

23. Pituturnya pratelaning pati | iya ora kêna digagampang | pan luwih abot sarate | sarate amung kawruh | kudu ngèsthi raina wêngi | nundhung marang drubiksa | luamah linarung | kamurkan dene oprak-oprak |[5] mutmainah dèn têtêp dipun antêpi | napsu tiga linawan ||

24. Apa margane bisa linuwih | maksih ngumbar nêpsu tri prakara | drêngki kiyanat panastèn | tan bisa nyêgah napsu | luamahe dèn urip-urip | amarah dèn kukudang | supiyah dèn ugung | pramila alane dadra | dêdêl dadi tuduh marga kang tan bêcik | bêcike wus kalingan ||

--- 26 ---

25. Akalingan napsu kang mrih lali | coba napsu kang ala linawan | dèn mungsuhi sabênêre | sayêkti lamun lêbur | bubar kuwur amorat marit | ingkang kinarya pêdhang | pangarêpe ngèlmu | panahe budi raharja | pinayungan tawêkal maju ngajurit | yêkti sirna kang ala ||

26. Ana manèh gêgaman prêmati | sira aja dhêmên kamêlikan | kang ora sah ing kukume | warise wong calimut | dèn kurangi ingkang rijêki | turune wong pitênah | cilakane muput | mêndêng kasangsaranira | beda lawan wong sabar tuwêkal budi | nêmu wirya raharja ||

27. Slamêt iku mêncarakên bêcik | bêcik iku anggawa mupangat | supangat nugraha gêdhe | nugraha iku wahyu | wahyu iku kang Maha Sukci | paring ing karilanan | rilan ing Hyang Agung | patut iku dèn gungêna | paparinge Gusti ingkang dèn rilani | yêku sipate rahman ||

28. Rahman iku mêncarakên eling | eling iku mêncarkên makripat | makripat sihing Gustie | Gusti kang Maha Agung | lire Agung datanpa sami |

--- 27 ---

mokal yèn ana madha | Gusti Maha Luhur | kang darbèni sipat jamal | sipat kahar ingkang kapama sêkali | pakartine buwana ||

29. Lawan padha kawruhana kaki | ing masalah sipat kalihdasa | dèn mangêrti ing têgêse | wajib ngawruhi iku | sakabèhe wong Islam iki | yèn tan wêruh têgêsnya | mêsthi lêbur tumpur | Sipat Wujud Kidam Baka | Mukapalah lil Kawadisi limaning | Kiyamu bi napsita ||

30. Wahdaniyat Kodrat Iradati | Ngèlmu Kayat Samak Basar Kalam | Kodiran lan Muridane | Ngaliman kaya Nabiku |[6] lan Samingan Basiran ugi | lawan Mutakaliman | wus jangkêp ing ngetung[7] | ingkang sipat kalihdasa | sayêktine Wujud iku ingkang pêsthi | yêktine datan ana ||

31. Wujud iku amung Maha Sukci | datan ana ingkang gumêlara | awal tumêka akire | têgêse ujar iku | kabèh iku rusak sêkalir | amung Dat ingkang Mulya | ananing Hyang Agung | lire agung iku jêmbar | lire jêmbar tan ana ingkang madhani | tan kakung tan wanodya ||

--- 28 ---

32. Makluk kabèh anglindhung Hyang Widdhi | kang jagad arah nênêm prakara | iku dèn ayomi kabèh | kang sawênèh amuwus | dèn arani johar lan jisim | sawênèh ana ngucap | angên-angên iku | iku salah tan wawarah | ingkang karya bumi langit sakaliring | datan kêna dinuga ||

33. Nora kêna cinipta ing ati | yèn anaa rupa kaya ngapa | dadi jumbuh makluk kabèh | kalih sukci sadarum | kang gumrêtês sajroning ati | kabèh iku danajan | dudu Maha Luhur | tan kêna ginayuh ing tyas | pramilane dèn sami ngèsthi ing Gusti | supaya tuk nugraha ||

34. Lamun antuk palaling Hyang Widi | iya mêsthi tan kalawan-lawan | kang sarta lawan takdire | nanging sira yèn ayun | maring kawruh ingkang sajati | aja sawiyah-wiyah | dèn ngambah dêlanggung | marganana saking Kitab | iya iku kabar ingkang dadi margi | usul ingkang waspada ||

35. Waspadakna ingkang dadi sirik | lakonana kang anèng ing sarak | poma aja ngêlirake | ingkang cinêgah usul | adohana ingkang atêbih |

--- 29 ---

iku agama tama | gamane wong agung | mokal jaising Pangeran | dunungêna kang têrang padha saiki | iku wong ahlul suksma ||

36. Amung wêruhe manungsa iki | marang wujude Hyang kang Maha Mulya |[8] anitik saka dalile | dalilipun: Walahu | fan khalaka awsamiti |[9] andadèkakên Allah | saking langit iku | lawan bumi sadayanya | sayêktine wajibul wujudan iki | tan jaman tan panggonan ||

37. Lan sing sapa wonge angarani | jaman makamake marang Allah | kajimak maring Allahe | dadi kapir wong iku | dadi batal Islamirèki | aran kopar kapiran | dadya murtadipun | sakuthu ing kukum ira | lan sing sapa sakuthu marang Hyang Widhi | sayêkti têmah sasar ||

38. Sipat Kidam dhihin Maha Sukci | mokal lamun kadhinginan Adam | Huwal awalu lapile | tanapi wal akiru | kèri ora ana ngèrèni | lapale sipat Baka | alanggêng Hyang Agung | Manapkulum ngalaeha | sakabèhe barang ing sawiji-wiji | wanin punika hilang ||

--- 30 ---

39. Wa yap kalam têtêp Maha Sukci | wajahu rabika dat Pangeran | Duljalali wal ikram-e | kamulyan kang nga agung | Mukallapah lil kawadisi | prabeda lan kang anyar | iki dalilipun | Wallahu utawa Allah | kayata: mantaesa: lam khamislihi | tan ana umpamanya ||

40. Walkiyamu lawan binapsihi | pan jumênêng kalawan pribadya | datan ana karanane | Innalaha puniku | la ganiyu ngalil ngalamim | yêkti sugih Pangeran | mokal miskinipun | lawan sipat Wahdaniyat | mung sawiji Pangeran boya kakalih | mokal anaa liyan ||

41. Sipat Kodrat kuwasa Hyang Widhi | mokal lamun Pangeran apêsa | iki ingkang nuduhake | Inalaha puniku | satuhune Hyang Maha Sukci | ngala kuli saean | kadiran jêngipun | ing ngatase iku barang | sabên-sabên sawiji pan dipun pêsthi | langkêp tan kêna cidra ||

42. Sipat Iradat dalile singgih | Gusti Allah sayêkti akarsa | panalulimayurite | wus gawe ing Hyang Agung | ing sabarang karsanirèki |

--- 31 ---

sipat Ngèlmu Pangeran | iki lapalipun | Allahulu innalaha | ngala kuli saein kulim têgêsnèki |[10] satuhuning Pangeran ||

43. Sakabèhe iku kang dumadi | kabèh iku padha kinawruhan | sipat Kayat pan mangkene | mapan: ya tawakallu | ngalal kayila ya muntuhi | urip tan kêna pêjah | ananing Hyang Agung | dalilipun sipat Samak | pan ta: Innalaha wa saminulngalim | miyarsa tur tumingal ||

44. Sipat Basar dalilipun singgih | ya wallahu tu Gusti Allah |[11] bimatakmalu basire | sabarang kang dinulu | nora nganggo netra kakalih | dalile sipat kalam | iki pungkasipun | ngakhalamullahu Musa | taklimana: wus ngandika Maha Gusti | ing Gusti Nabi Musa ||

45. Pangandikane Hyang Maha Sukci | mring Jêng Nabi lan sapangandikan | ewuh elok ujar kiye | arang ingkang anggayuh | samarira anyanyamari | nyamari sabuwana | buwana lit agung | gung wênang kang murbèng jagad | jaganana jêjêging ati ywa gigrik | gograkna raganira ||

--- 32 ---

46. Yèn wus gogrog[12] kusika kang dhiri | rêndhonira ing suksma têmêna | suksma nglela katon dhewe | wuwuh kawruh kang dhuwur | yèn wus datan akiwi kapir | nora angayawara | kawruhe mangawruh | utama-utamanira | badanira wasuhên raina wêngi | nyuwuna pangapura ||

47. Dèn rumangsa ing Gusti kèh sisip | luwih kurang ing ngibadahira | mring Gusti kang dadèkake | dene kèhing panutuh | marang badanira pribadi | dadine kumawula | mring Gusti Hyang Agung | aja kaya ingkang nyêrat | layang iki cumanthaka bêk kumaki | mindha kadi pujangga ||

48. Sajatine cubluke ngluwihi | pangarange datanpa kinira | saya kurang gêyongane | langkung cupêting kalbu | basa Kawi durung udani | saking kêsèt sêmbrana | dadya purun-purun | nglampahakên kang ruweya | botên ngetang kalamun dipun èsêmi | mring janma kang sujana ||

 


cumadhonga. (kembali)
gungna langgêng. (kembali)
Lebih satu suku kata: lamun awêkasan pêjah. (kembali)
Lebih satu suku kata: kamulyane pan durung karuwan. (kembali)
Lebih satu suku kata: kamurkan dèn oprak-oprak. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ngaliman lan Nabiku. (kembali)
ingetung. (kembali)
Lebih satu suku kata: marang wujude Hyang Maha Mulya. (kembali)
Kurang satu suku kata: fan khalaka wa awsamiti. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: ngala kuli sein kulim têgêsnèki. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: iya wallahu tu Gusti Allah. (kembali)
12 gagra. (kembali)