Nitisruti, Kamajaya, 1979, #1281

JudulCitra
Terakhir diubah: 21-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serat Nitisruti

1. Dhandhanggula

1. Mamanising wasita kaèsthi | Nitisruti kang sinudarsana | tinulad ing sapantêse | pinêtan kang pakantuk | lan jamaking jaman samangkin | tujuning kamêjêngan | asêdya arjayu | yuwananing nuswa Jawa | aywa kongsi kalantur-lantur kawuri | kêwraning pangawikan ||

2. Nguni-uni pra paramêngkawi | kawilêting ring rèh pangawikan | kang mikani ing kajatèn | têmah katrêm katungkul | kanikmatên kawruhing pati | dadya kadunyanira | kawuri kalantur | awit datan ginraita | marma mangkya karsaning pra sarjanadi | binudi mring widigda ||

3. Widada ing kadunyan supadi | bangkit dadya ruhuring darajad | mrih kapraptan sakajate | nanging aywa kalimput | tilar talêr tataning nguni | Nitisruti tinilas | talêsing sêdyayu | supadya tancêping cipta | aywa oncat carêming carita Jawi | mangkana kang wasita ||

4. Jatinira tyas kadya angganing | sinilêming samodra dahana | nging paksa tumimbul bae |

--- 84 ---

satêmah sinung pemut | nujwèng ari Budhaka Manis | Sura candra purnama | ing warsaka: Wawu | punang sangkala kaetang | bahni maha astra candra duk manganggit |[1] Nitisruti pustaka ||

5. Ya marmanta apaksa manggupit | kadarpèng tyas mamardi mardawa | mrih widada sawadine | mung raharjèngrat ketung | myang ninitia niningali | saulah bawaning lyan | nadyan tan pakantuk | wus tan rinasa ing driya | awit saking kirang wiwekaning kapti | katênta paprênêsan ||

6. Ing rèh pindha nulat kalam jari | nanging kêdah ingalêma wignya | marma pamintamba mangke | mring sagung kang sêdyayun | manungkara wuryaning ruwi | wêwarah ngayowara[2] | dèn aksamèng kalbu | witning sarasaning gita | pindha janma awuru saari-ari | nging paksa sung wasita ||

7. Wêwadine kang warsita nguni | mung mèt wara kang wus katariwal | rinuruh ing sakadare | sing rèh pra sujana nung | myang sarjana ing nguni-uni | kang wus samya kasusra | supraptamèng kawruh | wasis ulah kawaskithan |

--- 85 ---

myang satata kêrtarta sung wasitadi | wus dadya puruita ||

8. Nalaring srat ingran Nitisruti | lire iya jatining wiweka | iku pan dadi ambêke | para pandhita putus | tyasnya pindha candhana adi | sanadyan tinêgora | pinêcêla muhung | asung ganda marbuk ngambar | wit tyas wiyar rêsik lir akasa kèksi | kêsisan ima manda ||

9. Gilutane anggêlung pangawrin | myang jroning tyas tan pêgat tumêdah | asung kadarman ring akèh | saking sampun amungkur | sumingkiring ring rèh tan yukti | tyasnya sukci lêgawa | para marta[3] arum | bêrbudi bawa lêksana | myang dyatmika nirmala ngumala wêning | yayah pasthika maya ||

10. Rina wêngi tarlên kang kaèsthi | mung arjaning jagad pramudita | gung sinidhikara ing rèh | pinulut taginilut[4] | lêgutanuya dimène dadi |[5] tuladaning pra mudha | cinandhi kang cundhuk | candhake lan jaman mangkya | mangsa borong dènnya mêt darsana sidi | kasidaning parasdya ||

11. Surasanya kang pinurwèng ruwi | kang minangka lênggahing pandhita | yèn sampun lêrês rarase |

--- 86 ---

nulusa raosipun | jroning nala tanpa lingngaling[6] | dening sampun waspada | dununging panêbut | atanapi kang sinêmbah | dadi gambuh ngambah ing kaanan jati | jati mulyèng kasidan ||

12. Rarasing kang mangkana sayêkti | tan kabuka nèng manahing janma | kang tanpa pangawikane | muwah kang mudha punggung | bodho bundhu datanpa budi | marmanira kumêdah | tyas kalatên atul | mêt tuladha puruita | maring para pandhita putusing jati | jatining kanindhitan ||

13. Kartining tyas yèn wus têkèng jati | pan wus sirna rêrêgêding ngnangga | ruwat sagung mamalane | kadi sarira ayu | kang mangkana yeka manawi | trus praptèng jêro jaba | babarane jumbuh | ning wêning tan kawoworan | ing satêmah pan wus kêni dèn wastani | syuh sirna manungsanya ||

14. Tatêlane kang mangkono yêkti | wus tan ana Gusti lan kawula | saking wus sirna rasane | dene ta kang tan wêruh | ing pangwaruh[7] kang wus jinarwi | tan kêna cinarita | caarning[8] tumuwuh | wit wus kêbak mêsi wisa |

--- 87 ---

mung duraka kewala kang dèn rakêti | beda kang wus santosa ||

15. Saking antuk nugrahaning Widi | sabarang kang winicara samya | pan wus dadya labêt kabèh | tumrahing praja ayu | saking tansah rinaksèng Widi | widada sasêdyanya | salwiring rèh dudu | dinohkên ing Hyang Wisesa | babasane wong kang wus waskithèng wèsthi | rinêksèng widhi dhusta ||

16. Lwan tyasira wus satuhu sukci | lênggahira wus luwih santosa | ingkang mangkana yêktine | wus dadya prabotipun | waspada ing jatining tunggil | tunggal Gusti kawula | sakarone jumbuh | iya waspada punika | pan wus kêni ingaran busanèng jati | têtêp mangka pirantya ||

17. Pirantine wong angulah ngèlmi | kang kariyin têmên tan kumêdhap | sarwa manis wicarane | sêmu arèrèh arum | lamun uwus mangkana yêkti | winastan wus samêkta | jaba jêro jumbuh | madu lawan manisira | wus sarasa atunggal rasane jati | tan kêna pinisahna ||

18. Kaping kalih ulahing dudugi | ninitêni ulah kang tan yoga | winor lan ulah kayêktèn |

--- 88 ---

sira dipun sumurup | samêptaning wasisthèng wèsthi | yèn marta ngêmu wisa | sayêkti tan arus | lan yèn guyu ngêmu rahswa | luhung lamun tan mawi wisa upami | ngarah lor kidul kêna ||

19. Yèn mangkana sayêktine maksih | kêni binuka lawan duduga | pangudine nora angèl | dene ping tiganipun | kang winastan ulah watawis | iku ulah timbangan | angon ing panuju | animbangi kang sambawa | lan sambada kang kaparêng narawungi | tinêngah ing watara ||

20. Ping sakawan traping pamrayogi | animbangi patraping watara | duga-duga prayogane | kalawan tibanipun | tumanduking karsanirèki | kinira aywa ngantya | amasmuka susu |[9] ing lampah ywa daya-daya | angantia lamun wus sarwa miranti | sarèh ning amrayoga ||

21. Aywa tilar wuwulang ing nguni | lan ing mangkya yogya katêpungna | pinèt ing sapakantuke | dene ping limanipun | kapurunan têlung prakawis | dhingin sabaya pêjah | ro matèni kayun | katêlu anglugas raga |

--- 89 ---

maksih ana lamun tinulisa sami | nanging wosing kadiran ||

22. Ringkêsane mung tekading kapti | kudu saguh gagah nora wêgah | sumanggêm sabarang gawe | nadyan têkèng pakewuh | yèn wus wani nora gumingsir | têmpuhna gunung waja | myang samodra latu | yèn wus wani aywa ulap | ing wusana kaprawiranira dadi | ingêndêl wong sapraja ||

23. Kaping nênêm kang luwih sayogi | bisa nganam anuntagi basa | wruh sakèhing basa kabèh | bangkit ambingkas nambung | lan manuksma ing ngagal alit | saulah bawaning rat | saosik kawêngku | amiguna ing ngaguna | bangkit mamrih sihing janma sanagari | tansah mrih arjaningrat ||

24. Talêsing tyas asih ing sasami | myang dèn bisa moting kapintêran | ywa kaduk gumune rêke | dèn bisa angon sêmu | lamun kaduk gumuna yêkti | kawruhe kalong-longan | kaelangan parlu | de kang mangka prananira | salwir kawruh tarlèn saking sarwa bangkit | angrasuk sarasanya ||

25. Dadya tajêm sêmune tan kèksi | nora mantra-mantra kawistara | ing pasmon mung masmu sumèh |

--- 90 ---

pasaning netya ruruh | ngarah-ngarah ring tyas mêkani | lamun ana sujana | sangadi balilu | winulata dèn waspada | kang supadya aywa kawadakèng wadi | dadi datan cinêda ||

26. Marma lamun micarèng pangawrin | dèn abisa sasap ing wacana | amamriha prayogane | lan winatarèng tanduk | umindaking[10] dugi prayogi | winoran ringa-ringa | pangarahing wuwus | upama urubing damar | maramêne[11] anggarêmêt mikênani | jroning nala kapranan ||

27. Wit putusing sujana linuwih | waskithèng tyas mawas kawasisan | tan kawistara sêmune | samun nanging mangimpun | animpuni kagunan sami | marma ywa kawistara | ing pamawasipun | dèn samar mèt moring rahsa | rarasing rèh dêna manis[12] masmu aris | manawa kawanguran ||

28. Lan tekade wong kang wani mati | iku dadya makaning kasuran | lara wirang tan tinolèh | ewasêmono lamun | ungas sangêt amingis-mingis | pinintonkên sakala | kalane kawuwus | kawantêrên umuk ombag |

--- 91 ---

iku bakal kinira wong kurang wani | batal kuwanènira ||

29. Kang mangkana tanpa pamatawis | wuwusira nora winaranan | kasusu sukaning tyase | katona wantêripun | tan kawawa nayuting kapti | anguja nêpsu hawa | nora awas emut | labête tanpa warana | mung kumudu mintonkên yèn sarwa wani | iku nora prayoga ||

30. Dèna antêng lawan dèna manis |[13] netya sumèh nanging aywa ulap | laraping wicara sarèh | yèn sira tuhu purun | aywa kongsi kasusu kèksi | kuwanènên ing tingkah | lan ywa ombag umuk | pindha banthèng mambu obat | manggung anggro anggigiro giri-giri | gambira gora godha ||

31. Ngaku dadi gêgêdhungging bumi | sumbar-sumbar obrol kabrabeyan | jubriya têkabur bae | angkuhe kumalangkung | ngaku kêndêl ngungkul-lungkuli | ngungkuli wong sapraja | iku nora mungguh | ngadate wong kang mangkana | mung samono kewala katoging budi | praptèng don liron kamal ||

--- 92 ---

2. Sinom

1. Tyas kumlungkung kumawagnya | luwih maning lamun uwis | munggwing luhuring turangga | ngêmbat watang numbak siti | katon èsthanya kadi | kurang mungsuhing ngapupuh |[14] anyandêrakên kuda | mamprung alok cêrik-cêrik | kang mangkana mung samono notoging prana |[15]|

2. Dhapur amêrang lêngênan | para tandang nyanyampahi | tandha candhula-candhala | kumawawa angarani | sabar mring liyan janmi | tan wruh lamun dhèwèkipun | katon ing jêrihira | angucira nora wani | kang mangkana iku tingkah tan prayoga ||

3. Yoga kaki singkirana | tingkah kang saru kaèksi | nulada para sujana | myang sarjana kang nimpuni | ngambar gandane wangi | apan ta uwus kasêbut | ana ing layang wacan | caritane kyana patih | ri sang Koja Jajahan lan sri Narendra ||

4. Nata ing Mêsir nagara | tataning pra sujana di | kang binabar dadi wulang | karya sudarsana sidi | maring wong sanagari | mênggah kajatmikanipun |

--- 93 ---

muwah antênging netya | manising wacana luwih | mrih ywa nganti ingaranan wicaksana ||

5. Dene cacading panindak | anandukkên pamatawis | iku yèn mawa pangangkah | angong kang[16] marang tan yukti | saking tan dèn wêkani[17] | bubukane kang pakantuk | wit saking wuwusira | kongas-kengis sarwa wasis | para tama kalimput landhêping sabda ||

6. Ing satêmah ngayawara | warahe tan migunani | wit saking kurang wiweka | amêngku mring liyan janmi | saking kurang pamikir | kang ora-ora ginayuh | yêktining pamatara | tinilar malah dèn dohi | kang mangkana wit kalimput ngaku limpat ||

7. Ing satêmah kapitunan | tiwas muwus angacuwis | wuwuse tanpa wusana | sirna katubing maruti | ingkang mangkana kaki | ing nguni pan wus kasêbut | wasita kuna-kuna | pangucap kang tancêp bêcik | lawan maning pakarti ingkang utama ||

8. Iku dadi tatakrama | tumêrah wong sanagari | wus ana wawarahira | ginêlar têlung prakawis | tunggal ambêk utami |

--- 94 ---

lawan solahbawa kulup | tanapi pamariksa | mangkene nyatane kaki | iya iku nistha madya lan utama ||

9. Lawan maning jarwanira | warah kang têlung prakawis | ing nguni wus wanasita | mangkêna[18] ingkang kariyin | kramaning sujana di | nênggih kaping kalihipun | caraning pra sudagar | patraping durjana katri | yeka aran ambêk nistha madyotama ||

10. Nging nadyan patrap durjana | ya nistha madya utami | wit saking awarna-warna | ambegal nyêbrot tanapi | ana maling pawèstri | maling rajabrana dalu | patrape neka-neka | ana kang mawa piranti | ana ingkang anggunting madung wiwara ||

11. Ana kang matèni janma | dene durjana utami | kang wani ngêdhêng katingal | marmanta winastan silip | wit dènnya laku juti | abangkit kalangkung-langkung | ngungkuli janma kathah | bangkit namar angêmori | tingkahira kadi janma ulah budya ||

12. Lan asring ngluluh sarira | amêlêng sêdyaning kapti | pininta kalakonira | wit nadyan wong laku juti |

--- 95 ---

uga bisa ngarani | mungguh sampurnaning laku | amung matèni raga | de madyaning laku jati | amung mênêng lan mrih kalimpe kewala ||

13. Ana kang mawa pirantya | bandrèk pintu jugil gunting | dene ta maling kang nistha | anguthuh tan wirang isin | angrêbut nyêlêr ngutil | nadyan konangan pinênthung | wus tan nganggo rinasa | labête wong tuna budi | amburu wah nuruti murkaning manah ||

14. Yaiku nisthaning nistha | ngangsa ngangah-angah kadi | rayap kumriyêg manungsa | sari-ratri tanpa ririp | têlas tilasing janmi | jasate lir jis-jis wutuh | de caraning sudagar | ingkang santosa ing budi | amung mungkul wêkêl dènya anggaota ||

15. Murih katêkaning karsa | ananging inggih manawi | gènnya ngimpun rajabrana | saking mbêk sikarêng janmi | milulu melik bathi | linabuhan ambalithuk | sayêkti mênggal rusak | tan lulus têmah sirnanting | kang sawênèh nênggih patraping nangkoda ||

16. Ana ingkang nora sotah | wanuh lan wong kawlasasih | tinarsa wawan wicara |

--- 96 ---

lawan wong kang nistha-nisthip | kapêthuka sumingkir | bok nulari apêsipun | yèn ana pêkir priman | sinikara dènnya ngêmis | dyan ginusah ingêsotkên sonarodra ||

17. Supadya enggal kungaa[19] | aywa kongsi nanakêti | muwah ywa tunggal satanah | asatêmah nguciwani | yeku wong kang wus lali | pangling nalarira liwung | kalingling mêlikan |[20] tan eling purwaning urip | wit kayungyun milulu ing kabungahan ||

18. Tan ana kang kasatmata | kajaba mung êmas picis | lali mring Pangeranira | janma kang mangkana yêkti | cilaka dunya ngakir | yèn rusak tan antuk tulung | wit duk katunggon dunya | karêm nyikara sung runtik | mring Hyang Suksma lali tanpa pangastawa ||

19. Dene kramaning pandhita | akèh kang mundhingan dhiri | lire ngêgungkên sarira | ana kang kulinêng sêpi | nèng wana-wana wukir | wênèh anèng jro prajagung | tinawing warna-warna | busana rajabrana di | myang rinêngga anggarwa wanodya endah ||

20. Supadya rinêsêpana | maring sagung kang ningali |

--- 97 ---

muwah sinihan ing kathah | lan bungah yèn dèn wastani | anêkakakên kapti | dene ta ing karsanipun | pandhita kang mangkana | pama puspa dèn simpêni | nanging mêksa kongas arum marbuk ngambar ||

21. Tan wun akèh kang ngupaya | kapêngin ing ganda wangi | nanging ta ingkang mangkana | yêkti arang kang udani | saking nora kaèksi | beda kang nglela kadulu | katon tapabratanya | atatajin dhahar guling | myang sumingkir ing karamèn kakarêman ||

22. Awit laku kang mangkana | ngluwihi kang aprang sabil | sabalane kang angrusak | angrusuhi ing agami | mangkana kang utami | sayogya ingkang misuwur | sumawur wartanira | suka nawurkên wawangi | praptèng wuri nartani suta sêwaya ||

23. Samya sumanggêm agama | agêming Nabi sinêlir | Mukhamadinil Mustapa | atêrus ing lair batin | wit yèn tan trusing batin | batal tan bangkit tumimbul | krana sampurnanira | pangastuti ing Hyang Widi | nora kêna rinewangan rewa-rewa ||

--- 98 ---

24. Marmanta para pandhita | kang manêmbah nèng ngasêpi | myang mahas sajroning guwa | amêpêt angkarèng kapti | tahên tan dhahar guling | amêrangi hawa nêpsu | nyirêp sagung wisaya | myang birat sakèh saksêrik | nanging lamun kalimput sihing atapa ||

25. Lire bungah ingalêma | bêtah luwe matiragi | iku tan antuk suwarga | malah naraka pinanggih | pujinira sirna nis | brastha tiwas ambaluwus | wêkasan tanpa tuwas | sêdyanira nora dadi | ing satêmah susah manggung anggarêsah ||

26. Tan katrima ing Hyang Suksma | upama wayang nèng kêlir | kapêksa muwus priyangga | dhalange tan nguningani | marma lampahing rêsi | kang nèng praja myang ing gunung | nora kêna pinadha | kudu turut atarêtip | tinataa pakantuking jro wardaya ||

27. Lamun pandhita ing praja | jêjêre ingkang piniji | amêlêng ing kajatmikan | atanapi tatakrami | nadyan lumakwèng margi | jatmikaning tyas tan kantun | tuhuning tatakrama | winantu ing ulat manis |

--- 99 ---

anirnakkên saksêrik trusing wardaya ||

28. Yèn maksih êsak ing driya | dadi asoring maharsi | yêkti katingal ing netya | amasmu kucêm tan manis | dening angêmu runtik | maksih ngumbar hawa nêpsu | dene agênging cacad | mêdaning para maharsi | lamun maksih karêm-kêrêm rajabrana ||

29. Wit iku amarakêna | sarêng lan sarèhing kapti | tanapi suka sungkawa | kusut sêkunging astuti | lamun ana kang prapti | samya lumuntur sihipun | netya sumèh sumringah | yaiku mêdaning kapti | têmah datan bangkit mêkak nêpsu hawa ||

30. Saking maksih sugih trêsna | rêmên mring kang sarwa asri | ing wêkasan tantantuman[21] | nuruti medaning bumi | lir trape wong nèng nagri | ngawula suwitèng Ratu | sayêkti wawalêsan | animbangi sihing Gusti | lawan kêdah ngati-ati ing pratingkah ||

31. Kudu sêtya tyas waspada | amawas karsaning Gusti | myang mamêt sihing sasama | muwah sarowanging ngabdi | dadi bangkit mumpuni | ing sanalika tan ewuh | nêtêpi Waradarma |

--- 100 ---

solah muna lawan muni | iku dadi panêngêran ayu ala ||

32. Muwah tanggaping sasmita | pranyananing Narpati |[22] lir warahe sang apatya | Koja Jajahan ing Mêsir | asung wulang wêwêling | palane ngawula ratu | dhingin angilangêna | pangira kiraning kapti | akarana nalika jaman samana ||

33. Patrape wong angawula | ingkang winastan prayogi | rarasing tyas mung sumarah | nurut sakarsaning Gusti | dipun kadi angganing | angilo paèsan agung | solahing wawayangan | kang anèng sajroning cêrmin | nora siwah lawan kang ngilo ing kaca ||

34. Myang aywa trêsna ing garwa | tanapi sêwaya siwi | sanak kadang kulawarga | de yèn tan mangkana yêkti | tipis dennya dadasih | tuwas tiwas kasang kusung | wêkasan kasangsaya | têmah mung ngawrat-tawrati[23] | tan katrima wurung dènnya danasmara ||

3. Asmaradana

1. Marma mung salah sawiji | êndi ingkang linêksanan | ywa ngantya mandhêg tumolèh |

--- 101 ---

nèng praja yèn tan mangkana | aluwung sumingkira | mring wanarga guwa samun | aywa kulina nèng praja ||

2. Dene tingkahing dumadi | kang akarya gara-gara | kagiri-giri gorarèh | yeka ing jaman sangara | dudu tingkahing jagad | yêktine mung patrapipun | manungsa kang ngaku guna ||

3. Samya mawaa tatawing | awarana neka-neka | ambabarung ing wawarnèn | micara kaduk gumuna | kumintêr kumasura | amêdharakên wuwuruk | ngaku wasis wicaksana ||

4. Angkuhe arsa ngayomi | mring para papa kasimpar | kang anèng ngarga myang ngare | supaya rahayunira | satêmah para papa | samya bingung ting balulung[24] | rêbut-dhucung salang-tunjang ||

5. Ting garubyug amarani | ngrubung ingkang wara-wara | arsa ngrêksa raharjane | anilar pêrluning wisma | wusana tanpa tanja | mung gumrudug anut grubyug | nora wêruh rêmbugira ||

6. Mangsuli suwitèng aji | yèn ana karsaning Nata |

--- 102 ---

kudu sumarah ambodho | saature mung tumadhah | andhèrèk sakarsèndra | karana sri Naraprabu | kawasa sung pêjah gêsang ||

7. Kudu tuhu angastuti | santa susêtya ing dirya | nalangsa srah trus atine | rumangsaa yèn kawula | kapurba kawasesa | marang panjênênga[25] Ratu | ngrasaa tan darbe gêsang ||

8. Dèn mantêp tumêkèng pati | nglabuhi karsa Narendra | kang tanpa mangsakalane | dene ta pranatanira | lamun sinihan Nata | yaiku lamun dèn utus | datansah ingalêmbana ||

9. Lan kang dadi tandha yêkti | katarimanya dinuta | sring tampi ganjaran Katong | ananging yèn wus mangkana | aywa sira sêmbrana | tyas nulya apasang surut | lire pasang surut ika ||

10. Sumanggêmira ing kardi | srêgêp puli[26] salewengan | amalincur klèncar-klèncèr | ngêndêlkên yèn wus katrima | iku aywa mangkana | karana asihing Ratu | tan kêni ing ngadêlêna[27] ||

11. Wit yèn ana karsèng ngaji |

--- 103 ---

akarya pasangan coba | dèn awas ing pamawase | lir dhadhalang mulat wayang | solahe gung kawangwang | tansah winaspadèng sêmu | mrih sumurup karsèng Nata ||

12. Yèn ana pasangan batin | arungsit tan kawistara | sajatine wus dèn êlèr | gumêlar nèng ngarsanira | iku dipun prayitna | yèn sira nora sumurup | yêkti kalêbu pasangan ||

13. Wit sira kalèntu tampi | tan wruh ing cipta sasmita | saking samar panamure | tan tampi liringing netya | wêkasan kadrawasan | andaleya kadalurung | kasluru kênèng pasangan ||

14. Labane lena ing budi | dadi kalêbu loropan | saking kalimput karêpe | manawa angandêlêna | dènnya têguh wantala | malah katon mudha punggung | padha lan kang kacacadan ||

15. Paran dènira dumugi | kang dadi sêdyaning driya | dening tansah kandhêg tyase | kadung kèndêl ing dadalan | tan laju sêjanira | tan ngèstokên agnyèng ratu | katungkul angaku wignya ||

--- 104 ---

16. Beda kang mantêp ing budi | cinoba datan tumama | mung manthêng ing pangèsthine | pangarsa arsaning karsa | sihing sri Naranata | kang tumêrah ywa kalèntu | trus saking titi pariksa ||

17. Wit saking sampun udani | kalamun jêng sri Pamasa | kang kawasa misesèng rèh | marmanta kudu waspada | ngati-ati ing tingkah | tyas suka sungkêm sumungku | mung sêtya tuhu ing driya ||

18. Yèn anuju amarêngi | wruh kêdhap kilating Nata | ulatira dèn asarèh | nampani dhawuh sasmita | dèn cundhuk candhakira | tindakira kang tinanduk | nguningakên ing Narendra ||

19. Dèn asumèh pasmon manis | ing sêmu kang sumaringah | samun nanging mrih kongase | wit lamun tan kauningan | iku sami kewala | lawan kang tan wruh ing sêmu | wit wuwuse salah rasa ||

20. Dene lamun durung bangkit | angadu lungiding karsa | luwung tumungkula bae | lawan tyas tajêm jatmika | ywa gingsir nèng ngarsendra | dèn kadi ujwalanipun | dahana murub gumêbyar ||

--- 105 ---

21. Supadya katrahan ing sih | sihing Gusti kang wlas trêsna | mring dasih kang ngèstokake | marmanta manawa ana | antuk pirênèng Nata | sayogyanya dèn sumurup | kang adadya jalarannya ||

22. Lan margane kang tan tuk sih | wit iku ingkang minangka | susuluh ingkang katongton | nêdahkên basa sambawa | ana babasanira | tan ana we mili nungsung | mangkana traping suwita ||

23. Myang dasih yêkti tan bangkit | sawala karsèng Narendra | Pan muhung kêdah andhèrèk | lumirig sakarsèng Nata | upamanya mangkana | kadya wayang kang amuwus | sayêkti mawa imbalan ||

24. Pra priyayi sanagari | ingkang mangka kêlirira | wayang kang nulat solahe | kuciwane wong suwita | lamun kêsèd lêleda | salèwèngan tan tuwajuh | wadine ingkang mangkana ||

25. Saking datan ninitèni | tan wruh têraping watara | tansah ngumbar swara rame | ngawur pêlênging wardaya | ura ukaranira | awit kadhinginan tuwuh | rumangsa yèn wus kêpama ||

--- 106 ---

26. Tur durung mantra udani | têraping kang lukitarja | kasusu kumintêr tyase | paranta margane tampa | sihing Sri Naranata | tangèh yèn wusananipun | umanggiha yogyatama ||

27. Yêktine arang kang bangkit | kang awas wosing pamawas | kaya kang kawuwus kabèh | yèn tan antuk wahyuning Hyang | trahing lelaturkadar | yêktine durung amangguh | wong waskitha tanpa tapa ||

28. Kajaba mung Kangjêng Nabi | Mukhamad Nayakaningrat | kang tuhu dutaning Manon | yèn satêdhak turunira | praptaning jaman mangkya | wastu tan ana kang tiru | yèn tan tapa puruita ||

29. Marmanta wong ngawulaji | ywan ingandêl ywa duluya | ingandêl iku kèh lire | ana ingandêl wanodya | ingandêl rajabrana | ingandêl baya pakewuh | myang ingandêl ulah budya ||

30. Muwah ingandêl lulungit | tatakrama kadyatmikan | atanapi kabisane | lamun ingandêl wanodya | dèn kadya tigan gêsang | iyèku tekading kalbu | mênêng lir wong binincihan ||

--- 107 ---

31. Rumêksane ing pawèstri | ywa pêgat santa susêtya | praptaning pati linakon | yèn ngantya anglakonana | purun nyidra asmara | lamun tan mangkana wastu | ambalela pangawulan ||

32. Myang sarowanging dadasih | têmah tan ana pracaya | wit ugêring switèng Katong | anêtêpi tatakrama | muwah têmêning dirya | dene ta sira kalamun | dèn andêl ing rajabrana ||

33. Dipun bisaa mamardi | undhaking ngarta utawa | anunular nangkarake | myang tyasira dèn narima | sadhakunta priyangga | yèn bangkit mangkana wastu | antuk sihing sri Narendra ||

34. Dene yèn sira tan bangkit | anindakkên kang mangkana | amung calangana bae | yèn ana karsaning Nata | manawa kukurangan | dèn lakonana saèstu | adol suta rabinira ||

35. Supayanira sang Aji | aywa kacuwan ing karsa | ing wêkasan sang Akatong | anitèni jroning nala | lamun tuhu ing dirya | dene ta yèn sira anggung | mijilkên kagungan Nata ||

--- 108 ---

4. Mijil

1. Yèku têtêp wong murka sawukir | yèn sira mangkono | iya mangsa dèn andêla manèh | babasane sapa ta kang bangkit | amarêki kori | myang warangsasa anggung |[28]|

2. Kumarêngês gayêmi ngucêmil | ri ratri tan towong | saking ngêndi bisane ing têmbe | awidada dènnya switèng Gusti | lan maning manawi | pinitayèng ngratu ||

3. Ulah budi udaling lulungit | sira dèn waspaos | kudu awas waskitha ing tyase | wruh samuning panuksma kang rêmit | namarma rasandi |[29] saduning ri pudur |[30]|

4. Aywa pêgat labête ing budi | dèn atêgên tanggon | lakonana lan mati ragane | kurang guling ing nalikèng ratri | dèn mindêng sêmadi | sinahua lampus ||

5. Myang wiweka pratikêl ing kapti | matrapkên pirantos | mrih asoring mungsuh kang ngrabasèng | praja Nata dènna rampung-ramping | dèn bangkit nampani | sasmitaning ratu ||

6. Yèku ingkang datansah ingèksi | mawas ing pasêmon |

--- 109 ---

purwa madya praptèng wêkasane | aywa kongsi kalimputing kapti | nadyan ta wus wasis | saniskarèng kawruh ||

7. Durung tamtu katarimèng Gusti | yèn sira durung wroh | ing sakarsa-karsaning Pamase | lir manêkung amêsu samadi | dèn kongsi udani | Dating Hyang mahagung ||

8. Kongsi praptèng wêkasane kèksi | karsaning Hyang Manon | pindha carma ingkukir[31] binèbèr | munggwing kêlir dèn kongsi udani | sasolahing ringgit | aywa sah dinulu ||

9. Dene ingkang sinrahan lulungit | mardawèng lalagon | purwanira datan ana manèh | amung saking kidungan kakawin | sira dèn trêsnasih | kadya mring sadulur ||

10. Mrih tumanja gwanira jarwani | rarasing kang raos | lagèane lalagon dèn ngêntèk | sarekaning rumpakan mangêrti | rakite rêspati | mêmês manis arum ||

11. Wruh samaring ukara kang rêpit | lan namun pasêmon | traping kawi dèn kadi anggite | ri sang Widhayaka ing Kadhiri | yèn mangkana yêkti | antuk sihing ratu ||

--- 110 ---

12. Marmanira sang Prabu asung sih | wit saking cumondhong | linêganan sagung panggalihe | yèn mangkana ngaurip puniki | pan luwih prayogi | ngangkah amrih cukup ||

13. Wiwitane ywa tilar tabêri | tlatèn takon tiron | ing wusana utama dadine | lan mamriha alusing kang budi | trus pamuwus manis | nging tyas ywa katungkul ||

14. Suka-suka pêpêka ing kapti | satêmah tan pandon | dèn wêwêka prayitna jro tyase | upamine wong anumpêt sari | nadyan luwih rêmit | maksih kongas arum ||

15. Myang patraping mèt yudanagari | yeka yèn kaprêgok | apagut tan ulat pakèwêde | tan wruh moring wicara kang wêrit | lan kêclaping liring | manambunging têmbung ||

16. Ing wusana sanès raosing ngling | têmah karya ewoh | mring kang samya awawan ginême | de kang dadi kuciwaning abdi | bilih tuna budi | bodho butêng pêngung ||

17. Dupi anèng ngabyantarèng Gusti | kalantur andongong | saking sangêt kalimput tyas supe | awit dening kamurkaning kapti |

--- 111 ---

wêkasan ginalih | daluya balilu ||

18. Marma dèn wruh traping ngawula Ji | ing tyas dèn mirantos | ngilangêna saksêrik ing ngakèh | ngayêmana manahing sasami | sasamining ngabdi |[32] priyên rakêt rukun | prihên rakêt rukun ||[33]

19. Ngilangana kamurkaning kapti | dèn sumèh ing pasmon | nèng pasmuwan dèn sarèh arèrèh | mung mahyakna saliring wêwêling | myang pali pêpeling | wuwulang linuhung ||

20. Lan aguning[34] kabisan binudi | dimêne dumados | tutuladan sumrambahing ngakèh | yèn mangkono para kang miyarsi | yêkti samya asih | kêlu kapiluyu ||

21. Kabèh trêsna nganggêp bapa bibi | nadyan sang Akatong | muwah para putra santanane | samya rêna wêkasan wlas asih | sadasih pinurih | samya angguguru ||

22. Kang mangkana punika sayêkti | tansah kapanujon | ing sasama samya rêsêp tyase | nadyan ana ing liyan nagari | akèh kang samya sih | sênêng anunungsung ||

23. Pra linangkung muwah among tani | ingkang andhap asor |

--- 112 ---

ingêsoran sasolah bawane | anor raga dening anuruti | saosiking janmi | lawan wacana rum ||

24. Myang mênaki tyasira sasami | sinaman ing pasmon | saking sampun sugih aksamane | atêmahan amung angayêmi | manah ing sasami | samaning tumuwuh ||

25. Lawan maning yèn sira wus bangkit | karya sukaning wong | myang galihing bangsa ruhur kabèh | têtêp dadi tuking tatakrami | wus pantês linuri | ginugu tiniru ||

26. Ginaguru praptèng wuri-wuri | wuruke linakon | dene ingkang minangka wisane | ulah budi tanduk kang sarwèdi | iku lamun pamrih | rêmên rèh tan ayu ||

27. Solah tingkah karêm tyas tan yukti | satêmah salah ton | tilar tatakramane rinèmèh | yèn mangkana wêkasaning wuri | tan wun sira kêni | kinêmbong ambêk dur ||

5. Durma

1. Beda lamun têrahing bangsa bèr budya | budiman tyas mumpuni | pucaking acala | kang langkung inggilira |

--- 113 ---

muwah lêbêting udadi | maksih kawuryan | saking mandrawa kèksi ||

2. Warnanira kang sajati kasatmata | balik wadining janmi | ingkang sinimpênan | ing manah tan kawuryan | datan kêna dèn jajagi | saking jronira | wujude tan kaèksi ||

3. ewadene kang wus waspada ing tingal | putus ing sambangliring | bangkit angingira | saking duga prayoga | jinaga panduking liring | ywa nganti gita | winawas kang sayêkti ||

4. Dene kongsi wikan wigatining karsa | saking puntoning kapti | têmah kawistara | saking liringing netya | kang piningit samya kèksi | têrang tan samar | pamore ing ngarêmit ||

5. Kang mangkana ingaran yudanagara | paguting sabda gati | anèng pasewakan | yèn wus bangkit mangkana | sasat bisa anguwisi | mepuning mêngsah | pasanging byuha wasis ||

6. Karya wingwrin gêlaring kang ripularda | saingga jinêmparing | jêjêl ing ngawiyat |

--- 114 ---

sumriwêt tanpa kêndhat | têrus sadhasaring bumi | kêbak kèbêkan | culing warastra lungit ||

7. Tumamaning warastra tan kawistara | tatune amratani | dening kagunturan | jêmparing sabdatama | tumama lumintu mintir | êntaring gita | sumawur nuju kapti ||

8. Ing satêmah mimbuhi busanèng cipta | dadi rahayu budi | pasanging graita | sumringah sêmunira | panduking kang sabda sidi | widada dadya | wênganing tyas basuki ||

9. Pan mangkana wahyaning kang sabdatama | dadi busanèng dhiri | graita raharja | pindha kang makutha mas | sumèhing pasêmon kadi | jajamangira | kalung gêlang sasumping ||

10. Saking bangkit tanduking dora sambada | wahyaning kang lulungit | winoring wuwulang | dènnira wus rumantya | samapta sajroning kapti | pindha kalpika | nulya wiyosing angling ||

11. Lir lêpasing warastra pênuh ing wiyat | tumpa-tumpa tanpa wis |

--- 115 ---

lir atêp maatap | dèn-nyarsa nuju prana | anglir sumawuring riris | angalap jiwa | saking prabawa mijil ||

12. Kang kapranan syuh rêmpu tanpa kukupan | kabèh lêbur kabêsmi | kang kaambah rêbah | kawur kêwran kasrakat | lêbêt katuju ing liring | lir ron kanginan | tawur ruru ing siti ||

13. Pan mangkana pamawasing panêngêran | yèn wus sampurna yêkti | lir tinut maruta | aparan tinupiksa | tan kêwran wuryaning kapti | kabèh karoban | purbaning budaya di ||

14. Panêngêran dibya sakti kang sanyata | mungguhing sujanadi | mung rahayu budya | wit iku dadinira | akarya arjaning bumi | muwah kawasa | nganglangi sakèh wèsthi ||

15. Lamun bangkit ambabar ing pangabaran | kang kambah tanpa dadi | lêbur kabarasat | syuh sirna tanpa rupa | karampêting warastra di | sanjata cipta | têmah bangkit jajagi ||

16. Atining lyan tilar tilas katêmênan |

--- 116 ---

kang samya dèn-jajagi | kajog kajatira | ir[35] pêjah sanalika | saking wus sarwa katitih | soring prabawa | sêdyane tanpa dadi ||

17. Nanging janma ingkang mangkana-punika | dhasare tuna budi | kaduk kadalurta | yèn lunuhur wicara | malah mêlur lir pinulir | apalintiran | gumêtêr tyas kuwatir ||

18. Manahira anggaragap galigapan | anglènggèr tan bisa ngling | parandene mêksa | darbe cipta kawawa | minggah pasewakan aji | nging tan uninga | mati kaèsi-èsi ||

19. Marmanira kaki lamun amicara | arahên dèn patitis | trusna ing sasmita | pasanging ciptamaya | dèn antêng ing ulat wêning | lawan amawas | wose kang wawan angling ||

20. Sapa ngarsa pètên panunjuning[36] driya | wuwusira dèn aris | angon masakala | nurut caraning kana | yèn wacana lan wong tani | rinêsêpana | tata caraning desi ||

--- 117 ---

21. Pan mangkana laksitaning pra sujana | sanggongon[37] nora lali | masang pamatara | kinira sawawratnya | yèn lyan janma kurang budi | katandukana | sapangkate ywa luwih ||

22. Lamun lawan won[38] ani angrasanana | tanêm tuwuh tanapi | paraboting karya | garu walukunira | marmane wong ulah budi | anunulada | surasaning kintèki ||

23. Nitisastra turutên sawasitanya | ambêking sujana di | iku kudu bisa | mêt tyase wong sapraja | mrih rumêsêp dèn-necami[39] | tyase sadaya | supaya mucung sami ||

6. Pucung

1. Kang sinêbut ing gêsang ambêk linuhung | kang wus tanpa sama | iya iku wong kang bangkit | amênaki manahe sasama-sama ||

2. Saminipun kawulèng Hyang kang tumuwuh | kabèh ywa binada | anancêpna wêlas asih | mring wong tuwa kang ajompo tanpa daya ||

3. Malihipun rare lola kawlasayun | myang pêkir kasiyan | para papa anak yatim |

--- 118 ---

opènana pancinên sakwasanira ||

4. Mring wong luput dèn agung apuranipun | manungsa sapraja | pètên tyase supadya sih | pan mangkana wosing tapa kang sanyata ||

5. Yèn amuwus ywa umrês rame kumruwuk | brabah kabrabeyan | lir menco ngocèh ngacuwis | mênèk lali kalimput kèhing wicara ||

6. Nora wêruh wosing rasa kang winuwus | tyase katambêtan | tan uninga ulat liring | lena weya pamawasing ciptamaya ||

7. Dene lamun tan miraos yèn amuwus | luwung umèndêla | anging ingkang ngêmu wingit | myang dèn sumèh ing pasmon sêmu dyatmika ||

8. Yèn nêngipun alêgog-lêgog lir tugu | basêngut kang ulat | pasmon sêmu nginggit-inggit | yèn winulat nyênyêngit tan malat driya ||

9. Kang kadyaku[40] saênggon-ênggon kadulu | ngrêgêdi paningal | nora ngrêsêpake ati | nora patut winor anèng pasamuwan ||

10. Wong amuwus anèng pasamuwan agung | yeka dèn sêmbada | sakêdale dèn patitis | mèngêtana warahe Panitisastra ||

11. Kang kalêbu musthikaning rat puniku | sujanma kang bisa | ngarah-arah wahyaning ngling | yêktinira anèng ngulat kawistara ||

--- 119 ---

12. Ulat iku nampani rasaning kalbu | wahyaning wacana | parêng lan netya kaèksi | kang waspada wruh pamoring pasang cipta ||

13. Milanipun sang Widhayaka ing dangu | kalangkung waskitha | uninga salwiring wadi | saking sampun putus ing cipta sasmita ||

14. Wit wosipun ngagêsang raosing kalbu | kumêdah sinihan | ing sasamaning dumadi | nging purwanya sinihan samaning janma ||

15. Iku kudu sira asiha rumuhun | kang mangka lantaran | kudu bangkit mirakêti | mring sabarang kang kapyarsa katingalan ||

16. Iya iku kang mangka pangilonipun | bangkita ambirat | ingkang kawuryan ing dhiri | anirnakna panacad maring sasama ||

17. Kabèh mau têpakna ing sariramu | paran bedanira | kalamun sira mangèksi | solah bawa kang ngewani lawan sira ||

18. Nadyan ratu ya tan ana paenipun | nanging sri Narendra | iku pangiloning bumi | ênggonira ngimpuni sihing manungsa ||

19. Mapan sampun panjênêngan sang Aprabu | sinêbut Narendra | ratuning kang tatakrami | awit dènnya amênaki tyasing janma ||

20. Kang kawêngku sajagad sru kapiluyu |

--- 120 ---

kêlu angawula | labêt piniluta ing sih | ing wusana pênuh anèng pasewakan ||

21. Milanipun bangkit nêntrêmakên kayun | saking anggènira | bangkit mrih arjaning bumi | de gènira angraharjakkên bawana ||

22. Wit gènipun anggung anggêlar wuwuruk | wuwulang ing kuna | tinulad linuri-luri | winarahkên lawan manising wacana ||

23. Kanthi alus raras aris wahyèng wuwus | winantu santosa | ing tyas nityasa prihatin | sing dènnyarsa amamayu ayuningrat ||

24. Yèku Ratu têtêp kawawah[41] amêngku | murba amisesa | sèsining kang bumi-bumi | wibawanya mrabawani sabawana ||

25. Trusing kayun sih marma mring kawlasayun | mring pêkir kasiyan | para papa anak yatin | wong pariman pinupu lan ingopènan ||

26. Para pandung dursila binujung-bujung | susukêring jagad | sinrang siningkirkên têbih | para cidra doracara pinisesa ||

27. Pinrih ayu maria laku dudu |[42] dadi santa sêtya | yèn mêksih mêksa tan yukti | pinrawasa siyasate sinangêtan ||

28. Sang Sinuhun dènira matrapkên kukum | adil awarata |

--- 121 ---

prasasat samodra agni | nadyan anèng siluk sungil kawasesa ||

29. Kang tinuju sanggyaning kang laku dudu | tan ana sawala | ing agnyèng sri Narapati | saking adil traping kang pidana dhêndha ||

30. Têmahipun misuwur ing rat sadarum | têtêp amisesa | sêsining kang bumi-bumi | sabawana kabèh karoban prabawa ||

31. Wulangipun satata mintir lumintu | sakèhing tumitah | winruhkên ing tatakrami | asatêmah samya tut nurut tapsila ||

32. Paminipun acucundhuk sêkar arum | gung kongas mangambar | mitonkên warnaning sami | sumawuring jagad pindha tirtamarta ||

33. Sagungipun kang sinung wulang wuwuruk | winêruhkên marang | salwiring kang para wadi | samya sayuk yêk rumêksa arjèng praja ||

34. Wit sang Ratu kang dadya èsthining kalbu | mung arjaning jagad | kagunan wolung prakawis | gung ginêlung gumêlèng dadya sajuga ||

35. Kang ginilut tinulat-tulat tinurut | warah wurukira | sri Ramawijaya nguni | mring kang ari sang Gunawan Wibisana ||

36. Rintên dalu amêlêng kagunan wolu | ginunêm ginulang | ginulut tan kêna lali |

--- 122 ---

sabên dina mung angèsthi Asthabrata ||

37. Kang rumuhun anunulat lampahipun | Hyang Êndra bathara | anggung angglar tatakrami | maring janma sajagad rat pramudita ||

38. Tandukipun tinindakkên mrih pakantuk | ing pangrêksanira | lan para martaning kapti | kinanthènan lumintuning dana boja ||

7. Kinanthi

1. Mangkya gantya lampahipun | Sanghyang Yama kang kaèsthi | anggung angglar dihêndhakrama |[43] mring para duskarta juti | sagung susukêring jagad | winisesa tanpa pilih ||

2. Sanadyan sanak sadulur | yèn durjana dèn patèni | saari ratri nora sah | titipriksa ngosak-asik | salwiring kang solah salah | tinêlasan tanpa lirip ||

3. Ing ngungsir[44] sapurug-purug | yèn wus kacandhak ginitik | jinêjak jangga tinigas | sagunging duskarta juti | sirna lêbur kabara sat[45] | karampasan tumpêk tapis ||

4. Bebas lir binêsmyèng latu | mangkya lampah kang kaping tri | ambêke Bathara Surya | gung nununtun tyasing janmi | upamia ngingsêp toya |

--- 123 ---

nadyan wantêr ing pakarti ||

5. Tan karaos asatipun | saking patrap rèrèh ririh | ngarah-arah tan kasesa | pangingsêpe lawan aris | yèn ana mungsuh kajarah | soring prang madyaning jurit ||

6. Piniluta lampahipun | rinêmih ingarih-arih | mrih maria wasing driya | lan tapsila tan katawis | mangkana Bathara Surya | kramaning mangrèh dumadi ||

7. Mangkya lampah kaping catur | Hyang Candra ingkang kaèsthi | maratakkên paramarta | anggung karya sukèng ngati | mring janma sanusapada | pinardi mardawèng budi ||

8. Pamardine tung-tung guyu | winoring liring prak ati | rum manis ing pangandika | winêngan alusing galih | tan siwah Bathara Êndra | dènira mênaking kapti ||

9. Kaloka kalangkung-langkung | Sanghyang Candra dènnya bangkit | karya gambiraning driya | wèh suka binghaing[46] kapti | wêkasan akarya sêtya | tuhuning tyas wong sabumi ||

10. Kang kaping lima winuwus | sanghyang Bayu kang kaèsthi | sampurnaning pangawikan |

--- 124 ---

anggung amawang salwiring | solah bawaning bawana | wruh budining wong sabumi ||

11. Mawas saraosing kalbu | wêkasan bangkit mangèksi | datan kêni tiningalan | saking sangêt alus aris | liringing netya kawuryan | amung sumèh masmu manis ||

12. Lila lêgawa ing kalbu | mrih suka lumintu-minti | andina-dina dadana | wijiling rajabranadi | lir banjir ambèr balabar | angêbèri wong sabumi ||

13. Tyasnya suka tanpa rêngu | rinêgatkên[47] nora sêrik | mung tansah asung aksama | maring sagung sarwa sisip | wêkasan saisining rat | sêkunging tyas sumungku sih ||

14. Kang kaping nêm lampahipun | Sanghyang Kuwêra ing nguni | anggung dènnya abojana | mamrih arjaning nagari | tansah amênaki manah | datan kêmba sabên ari ||

15. Rumêksa santosanipun | bangkita sapraja sami | mamrih kawruh kasunyatan | wruh purwaning dumadi |[48] ywa katungkul suka-suka | nèng nuswapada tan lami ||

16. Ing satêmah sirna lampus |

--- 125 ---

maranta[49] yèn tan pinikir | marmanta Sanhyang[50] Kuwêra | tansah prihatosing kapti | saari-ari tan kêndhat | anggusti kang sarwa gaib ||

17. Lampah ingkang kaping pitu | Hyang Baruna kang kaèsthi | anggung amusthi warastra | jêmparing pamunah wèsthi | ambirat sasukêring rat | lawan santosaning kapti ||

18. Tan ana baya pakewuh | gampil ingkang sarwa rumpil | muwah lamun sarasèhan | lawan kang para winasis | kêwraning driya tan mêrang | sinrahkên mring pra binangkit ||

19. Anggung dènnira manimpun | sagung kagunaning janmi | nadyan kang tan mrih arjèng rat | pinarsudi mrih udani | wêkasaning Asthabrata | iku kang tansa[51] kaèsthi ||

20. Warnanên kang lampah wolu | ambêke Hyang Brahma nguni | anggung anggêsêngi mêngsah | winasesa tumpêk tapis | kang lumawan kaprawasa | lwir sardula mangsa daging ||

21. Marab-marab urubipun | kumrangsang ngrusak wêwêri | winantu ing pujamantra | mawas wrate wong sabumi | saking dènnya rumaksèng rat |

--- 126 ---

pinardi lan krasing budi ||

22. Lawan santosaning kalbu | datan pêdhot kadyangganing | têpange punang kalpika | tan kongsi rênggang sawêni | dènnya mrih raharjaning rat | tan pêgat saari ratri ||

8. Mêgatruh

1. Purna punang panilasing lampah wolu | marmanta ywa kongsi lirip | pamiribing kang kasêbut | ing ibarat sêrat Sruti | pètên raose kemowon ||

2. Dèn awêruh ing sakêdhap kilatipun | ywa malih bangsa Islami | ingkang itnitah[52] linuhung | nadyan ingkang para kapir | tansah sami mèt pangilon ||

3. Samya nulat trapsilaning lampah wolu | kadya kang kawahyèng ngarsi | paranta darunanipun | èyn[53] kasora lan wong kapir | myang pra Buda kang mangkono ||

4. Awit Islam ingkang kalangkung linuhung | baya ta linuwih-luwih | dènira angimpun kawruh | kang mrih ayu lair batin | wit luwih mulya kinaot ||

5. Amangsuli wasitaning prakarti nung | wajibing pra senapati | mandhegani ing ngapupuh | punika mangka Maharsi | muji arjaning palugon ||

--- 127 ---

6. Nora pêgat dènnya gugulang anggêlung | anggalih gêlaring jurit | wit dene sampun kasêbut | luhuring ngatapa yêkti | mung Senapatyèng prang popor ||

7. Awit iku kang nyata lêgawèng kalbu | lila tumêkaning pati | tan ketang toh takêr marus | swami suta tan tinolih | mung patine kang katongton ||

8. Milanipun tapaning prajurit punjul | ngungkuli tapaning rêsi | tapa tapaking pakewuh | munggwing graning ngarga wêsi | sinêmbah madyèng palugon ||

9. Lawan malih manawi amangun pupuh | mamrih ungguling ngajurit | dèn waspada pandukipun | bubukanira ing ngarsi | antuking marga kinaot ||

10. Wiwitipun tarlèn saking sarwa wêruh | ingan ingêring kang margi | sinartan sêtya rahayu | dèn panggah aywa gumingsir | antêpana praptèng layon ||

11. Ing ngayuda ywa kênèng mêdaning kalbu | ing satêmah bilaèni | yêkti agung bekanipun | dèn apanggah ing palinggih | lêgawaa ing palugon ||

12. Nadyan ana jêmparing maèwu-èwu | yèn sêdya rahayu budi | dalah lalayu bul-umbul | banderanira tan sêbit |

--- 128 ---

milu rinêksèng Hyang Manon ||

13. Purwanipun praptèng têmpuh ing ngapupuh | aywa kongsi andhingini | sanadyan nêmpuh rumuhun | yèn wus tinêtêgan wajib | lumawana nora awon ||

14. Tandukira anèng sangarsaning mungsuh | aywa anyuware[54] wêngis | rame sasumbar kumruwuk | murih kapiyarsèng aji | ingalêma sang Akatong ||

15. Kang mangkono iku tingkah nora mungguh | mênggah patraping prajurit | luwih maning pra panganjur | mamriya[55] jêjêr utami | utamane nèng palugon ||

16. Senapati angagêm jêmparing luhung | nèng paprangan silih ungkih | sarta tansah ababantu | awrate kang anèng ngarsi | rumêksa ywa kongsi kasor ||

17. Paguting prang anirnakêna pakewuh | saglaring mungsuh tan wigih | mangkono mungguhingRatu | tan kewran anata baris | mamrih ayuning palugon ||

18. Para mantri pinarnahakên ing pungkur | tan patya kèh kang tinindhih | mung kang ngayap sang Aprabu | kang samapta amiranti | tyas têtêg angatos-atos ||

19. Myang ngulatkên prajurit kang samya magut | yan ana ingkang katitih | kêngsêr kasrakating pupuh |

--- 129 ---

sri Naranata tumuli | matak wadya mrih rumantos ||

20. Lan prajurit kapalan kinèn tutulung | biyantu ingkang kalindhih | ambanjêl mring kang toh lampus | lamun mangkana sayêkti | kontap kotamaning Katong ||

21. Têtêp mantêp tapa munggwing pucukipun | wukir warastra sayêkti | saking sih mring pra tumuwuh | tan keguh tumêkèng pati | labuh kang mantêp prang popor ||

22. Lawan sampun uninga sajatosipun | purbawasesèng dumadi | datan ana lara lampus | mung urip tan owah gingsir | langgêng anunggil Hyang Manon ||

23. Lan lungiding sanjata sampun kaetung | ywa rumasa aywa lalis | ngandêla marang Hyang Agung | sèstu laraping jêmparing | tan kongsi prapta ing ngênggon ||

24. Tumamaa ing ngangga kalis ing tatu | tuwin kang arsa mamati | tan kawasa karya lampus | ila-ila nguni-uni | tuladan kang wus kalakon ||

25. Sapa ingkang ing tyas arsa karya lampus | yaktyantuk gantungan pati | kang wèh lara kênèng rapuh | kabèh tingkahing ngaurip | yêkti walêsan kemawon ||

26. Dene nistha madya utamaning wadu | kang samya pinangkat mantri |

--- 130 ---

yeka yèn jaman karuhun | mangkana ingkang winarni | nisthaning mantri kacriyos ||

27. Yèn umangsah ing ngaprang mati rumuhun | wadyabalanira maksih | kari nèng paprangan campuh | madyaning kang para mantri | lamuna ngèrèni layon ||

28. Utamane yèna mati parêng gêmpur |[56] sawadyane tumpês tapis | mangkana kala ing dangu | nanging lamun jaman mangkin | para mantri tan kacriyos ||

29. Milanipun caraning jaman rumuhun | kathah ingkang para mantri | mangsah prang pêjah rumuhun | dene kang mangkana yêkti | lamun tinulat pakewoh ||

30. Wit wadyanya pindha kuthuk ting caranguk | tinilar ing rena anis | apuwara tanpa tuju | lir kalidamar ing nagri | muhung tumindak sapakon ||

31. Tanpa budi amardi dayanging[57] kalbu | ing wêkasan nguciwani | kèh wuwulang duking dangu | kang samya kawrat ing tulis | amamarah mrih kinaot ||

32. Bab ing nistha madya myang kotamanipun | para mantri lir ing ngarsi | kang manurat tan anggayuh | apawadan tan udani | mring kwèhing kintaka kaot ||

33. Mangkya lamun samya kapanudyèng kayun |

--- 131 ---

kaparênga nguningani | nistha utamaning idup[58] | myang wrin purwaning dumadi | mrih widada praptaning don ||

34. Nupiksaa salwiring sêrat wuwuruk | lan nitia Nitisruti | ewadene tamtunipun | ya maksih ginuywèng janmi | dening kathahing punang wong ||

35. Yêktinipun pakèwêt kalangkung-langkung | buka tyase wong sabumi | ewuhaya ing panuju | badane pribadi tan wrin | saking rungsiting suraos ||

36. Milanipun pinunggêl wahyaning wuruk | ingkang karsa angawruhi | sasolah bawèng tumuwuh | wit dening ingkang manggupit | korup ing karêman wuron ||

37. Ing wêkasan kang dipun yêktosi muhung | pratingkah kang datan yukti | wit dening dahat kalimput | mring pakartining dumadi | babagan nêmbah Hyang Manon ||

38. Awit saking tan uninga dunungipun | ingkang wajib dèn astuti | wêkasan nalangsèng kalbu | narimah amung mamuji | datan pêgat praptaning don ||

39. Purna punang panulating supatrayu | tinêgran[59] Srat Nitisruti | ing ri Sukra lèk ping pitu | candrana[60] Sêla Jimakir | Nir wisaya srirèng Manon |[61][62]|

 


Tanggal: Budhaka Manis (Rêbo Lêgi) Sura Wawu: bahni maha astra candra (S 1513). Tahun Masehi: 1591–2. (kembali)
ngayawara. (kembali)
paramarta. (kembali)
pinuluta ginilut. (kembali)
Lebig satu suku kata: lêgutanya dimène dadi. (kembali)
ling-aling. (kembali)
pangawruh. (kembali)
caraning. (kembali)
amasmu kasusu. (kembali)
10 tumindaking. (kembali)
11 marèmène. (kembali)
12 dèn amanis. (kembali)
13 dèn aantêng lawan dèn amanis. (kembali)
14 kurang mungsuh ing apupuh. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: kang mangkana samono notoging prana. (kembali)
16 angongkang. (kembali)
17 wikani. (kembali)
18 mangkene. (kembali)
19 lungaa. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: kalingling lan melikan. (kembali)
21 tan-tan tuman. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: pranyananing narapati. (kembali)
23 ngawrat-awrati. (kembali)
24 bilulung. (kembali)
25 panjênêngan. (kembali)
26 nuli. (kembali)
27 ngadêlana. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: myang warangsa anggung. (kembali)
29 namar mara sandi. (kembali)
30 saduning ripu dur. (kembali)
31 ing ngukir. (kembali)
32 sasamining abdi. (kembali)
33 Lebih satu gatra: gatra ke-6 ditulis dua kali. (kembali)
34 agunèng. (kembali)
35 lir. (kembali)
36 panujuning. (kembali)
37 sanggon-nggon. (kembali)
38 wong. (kembali)
39 dèn-ecani. (kembali)
40 kadyèku. (kembali)
41 kawawa. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: Pinrih ayu maria laku kang dudu. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: anggung angglar dhêndhakrama. (kembali)
44 Ingungsir. (kembali)
45 kabarasat. (kembali)
46 bingahing. (kembali)
47 rinêngatkên. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: wêruh purwaning dumadi. (kembali)
49 paranta. (kembali)
50 Sanghyang. (kembali)
51 tansah. (kembali)
52 tinitah. (kembali)
53 yèn. (kembali)
54 anyuwara. (kembali)
55 mamriha. (kembali)
56 Utamane yèn amati parêng gêmpur. (kembali)
57 dayaning. (kembali)
58 idhup. (kembali)
59 tinêngran. (kembali)
60 candrama. (kembali)
61 §1850. (kembali)
62 Tanggal: Sukra (Jumungah) lèk pitu (7) Sêla (Dulkangidah) Jimakir: Nir wisaya srirèng Manon (AJ 1850). Tanggal Masehi: Jumat 23 Juli 1920. (kembali)