Bayanu'llah (Pustakadarya), Tanaya, 1959, #128
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Bayanu'llah (Pustakadarya)
Kidung lan Gancaran
Riwayat pribadi Radèn Natarata salagine ngupaya kawruh babagan kasampurnananing pati anggêguru marang para paguron sanusa Jawa wiwit sangka ing Bantên tutug Banyuwangi.
Kang anggubah Kidung basa Mardawa aksara Jawa Radèn Natarata.
Kang ambangun Gancaran basa Jawa Ngoko aksara Latin Radèn Tanaya.
Pambuka
Babone kang asli gubahan iki disêbut layang Bayanu'llah (Pustakadarya), tulisan carik sastra Jawa, ikêtan Kidung têmbang Macapat, basa Mradawa (iya iku cecampurane basa Kawi, Jawa Krama lan Jawa Ngoko), gubahane Sang pinudyasma Radèn Natarata, nalikane ana ing Bangka Hulu tanah Sumatera, ing taun Alip 1819, utawi taun Masehi 1889.
Samêngkono[1] dening R. Tanaya wis kasalinan sastra Latin, lan isih nglêstarèkake ikêtane Kidung basa Mardawa, malah ing akhire banjur kabangun kagubah manèh kadadèkake carita Gancaran basa Jawa Ngoko. Sakaro-karone, kang gubahan Kidung lan kang gubahan Gancaran, kapacak kabèh ing kene.
Kabangun ing Surakarta, taun Masehi 1959.
Juru Paniti Pustaka,
R. Tanaya.
Bebukane kang asli gubahan Kidung basa Mardawa
1. Kasmaran
1. Maputêk tyasyarda brangti | gya anglairkên carita | tabuh Juga ri Ahad Pon | nuju tanggal ping Sawêlas | Alip tanggal Isaka | Candra-Sangkalaning taun | nawa raja asthaning rat |[2][3]|
2. Cinitra sadalêm mijil | arda agnyaning bandara | angikêt kanang cariyos | wasta Radèn Mas Taruna | -atmaja kadrêng ngupa | sudarsana critanipun | Bayanu'llah asalira ||
3. Tanah Najran tibèng Jawi | winawas Pustakadarya | ing nguni kêkarangane | Sang Bagawan Palasara | Ngastina jaman kuna | Purwa maksih têmbung luhur | basa Kawi Sangsêkrita ||
4. Mangke ukara kasalin | dening Radèn Natarata | kang nandhang mêksa karante | awit ukumane praja | kabuwang ngangkat karya | anèng tanah Bangka Hulu | golongan pulo Sumantra ||
5. Lah iku purwaning nganggit | tangining budi mrês cipta | Bayanu'llah caritane | tinêmbangakên Macapat | mrih dhangan kang umiyat | ngawruhi asaling kawruh | 'ilmu ingkang beda-beda ||
6. Purwanya ing tanah Jawi | para rêsi dwijawara | ingkang mrêgil gunung gêdhe | ngabudi sasmitaning Hyang | tangkar-tumangkar têdhak | praptèng akèh ingkang kliru | mungguh mutakating cipta ||
7. Rèh nguni sun wus umèksi | njajah desa milang praja | munggah ngarga mring jurang jro | mlaya tirahing samodra | talabu'l'ilmu nyata | nanging maksih dèrèng antuk | pathining rasa kang mulya ||
8. Ewadene sun-tulisi | ala-bêciking wasita | para guru mutakate | sacakraning tanah Jawa | pra guru pra 'ulama | bangsa sri'at ati pingul | syara' lan yudanagara ||
--- 2 ---
9. Rèh wus tan dadi priyayi | nrima pandoning Hyang Suksma | padune wus nora darbe | di wahyaning wahyu kobra | marma laju malaya | drawaya ngupaya guru | guru-guru kang kasusra ||
1. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru
10. Ana sawijining Kyai | mêmêjang mring para siswa | para janma lanang wadon | amilih dina Jumungah | manusa kang yun tampa | nganggo adus kramas wuwung | tarkadhang nganggo puwasa ||
11. Sêsajèn sumaji-saji | sêga wuduk bumbu lêmbar | têlung kacu lawon putèh | tur nganggo srikawin sêmat | wusnya miranti sarat | madya ratri samya lungguh | anèng satêngahing latar ||
12. Kyai Guru gya njarwani | ngasta tiksnaning suweda | mangkana wêwêjangane | ya la ilaha ila'llah | Mukhammad Rasulu'llah | têgêse lafal puniku | tan ana Pangran sinêmbah ||
13. Anging Allah kang hakiki | lan Kangjêng Nabi Mukhammad | Utusanira Hyang Manon | mungguh dunungnya kang nyata | ingkang dèn anggêp Allah | napas ingkang mlêbu-mêtu | jumênêng puji tan pêgat ||
14. Dadi aran salat daim | langgêng ing salaminira | saha salat kana kene | sabab napasing manusa | yèn mêtu muni Allah | yèn napas mlêbu muni Hu | Hu utêk pradikanira ||
15. Dene utêk-kita iki | pakumpulan rahsa mulya | ênggon Kwula Gusti awor | sirna dadya wujud tunggal | ya Gusti ya Kawula | nanging sajatine Ingsun | nèng kana suwarga mulya ||
16. Mukhammad Rasulu'llahi | yeka jatining manusa | mêngku Rasul sanyatane | basa Rasul iku rasa | dunungnya Rasulu'llah | manggon nèng sajroning jantung | ingaran Bait-al-muharram[4] ||
17. Mungguh hakekating Nabi | Mukhammaddini'lmustafa | angên-angênira kuwe | mila anak-murudira | dèn pacuh aywa ngucap | angên-angên sabab iku | jmênênging Pangeran-kita ||
18. Akèh-akèh anjarwani | pituduh kang luwih mokal | nora nana kayêktène | nulyèngsun malih ngupaya | guru ingkang sampurna | paran doningsun angrasuk | kang kanggo ing kene kana ||
--- 3 ---
2. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Bantên
19. Nulyèngsun nggêguru malih | rèh sampurnaning kamuksan | anèng tanah Bantên kulon | sawetaning Kuthaanyar | winêjang nèng patirtan | mangka wêjanganipun |[5] ashadu anla[6] ilaha ||
20. Ila'llah têgêse yakin | yèn nora nana Pangeran | anging Allah sanyatane | lawan wa ashadu anna | Mukhammad Rasulu'llah | satuhune Mukhammaddun | dadya Utusane: Allah ||
21. Laju dèn lungguhkên dhiri | Mukhammad lan wujudu'llah | nèng pancêring netra roro | kang têngên wujud Pangeran | kering wujud Mukhammad | wanda roro rupa jumbuh | tan siwah paripolahnya ||
22. Yeku aran sastra alip | wong-wongan sajroning netra | lah ing kono panggonane | cahya gêdhene samrica | maratani sarira | manjing otot balung sungsum | awra[7] sa-sranduning angga ||
23. Puniku têlênging urip | pakumpulan budi cipta | anèng jro jantung makame | debe[8] yèn têmbe pralaya | cahya manggulung aswa | pêcat sutagnyaning suku | nèng jantung ngracut swasana ||
24. Gya ngên-angên badan-angin | glis nuksma mring makam baka | ing adêbundambu manggon | tiksnaning medi usika | brutu kraton kang mulya | kono pasênêtan campuh | têmpuh Gusti lan Kawula ||
25. Kawula manjing mring Gusti | kang mangkana têgêsira | angên-angên-kita têmbe | manuksma napas jronira | lir kukusing sêndawa | langgêng tan kêna ginayuh | sadalêmnya makam baka ||
26. Nulyèngsun dèn sajarwani | lungguhnya malekat papat | pancadriya sasanane | nèng tutuk ganda miyarsa | pangèksi papatira | gya winêruhkên sadulur | kang lair padha sadina ||
27. Iya iku kawah mbing-mbing | kunir wêlat lan tugêlan | pusêr-kita tanasupe | tur winruhkên panêngêran | manusa yèn pulastha | kurang sajroning sataun | kacarita wus uninga ||
28. Praptèng kurang satus ari | patang puluh pitung dina | têlung dina tumêkane | sadina pêcating nyawa | rèh sun wong muruhita | apa sajarwaning guru | kabèh sayêkti sun-tampa ||
--- 4 ---
3. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Jakarta
29. Nèng Bantên sun sapta ari | gya pamit bali mangetan | anjog ing Batawi manèh | nèng kana sun ngatas jarwa | guru kang wus kasusra | saking Sala asalipun | sarta trahing Daneswara ||
30. Sadarpa pangudyèng kapti | mêminta wahyuning kaswa | samana dhangan galihe | praptèng ari kang minulya | Sukra tranging candrama | praptèng wayah madya dalu | sumaji-saji sajènnya ||
31. Sun pratistha madyèng maring | nèng jroning krobong kang wetan | gyèngsun winêjang wijine | purwa ananing manusa | tumitah ngarcapada | sangkan kang pinaring wêruh | madi wadi mani nutfah ||
32. Nulya panjingnya 'anasir | gêgawan nêmbêlas warna | gya bumi gêni angine | kumpuling watêk wus dadya | kantha warnambu rahsa | nèng sadalêm garbèng babu | nukat-gaib darbe karsa ||
33. Kantha kanthane akanthi | gêtih rêtta[9] seta pita | glis dadya isi netra ro | kang purba kang winisesa | isining jiwa atma | angga kuwanda sakojur | Ahmad arane kang nyata ||
34. Dupi ari praptèng janji | lair saking guwagarba | ana islam pratandhane | tangise bayi umahya | nama sahdat sapisan | sabab jatining islamu | mlêbu-mêtune swasana ||
35. Sajarwane guru-mami | duk nèng Batawi samana | urip-kita iki darbe | pêpacangan lumaksana | rumakêt puput jiwa | jodho tur tamtu têtêmu | urip kalawan palastra ||
36. Yèn wus diwasèng sukapti | mrêpêki yêktining angga | sabên dina nyawa kalong | sabab angên-angên-kita | anggulung jiwatmaja | pêcat saka jêmpol suku | manjing sajroning dhadhanya ||
37. Kono ana sanubari | jantung tuntunging wardaya | angên-angên anèng kono | ngukud saliring ludira | palastha sigra munggah | ring sajroning bait-al-makmur[10] | utêk kang têlêng pribadya ||
38. Angukud rah ing sakalir | sirna jatining manukat | angên-angên wus badan roh | rohu'lkudus kang minulya | khayun khayat wor juga | nulya manjing sajroning Nur | -Mukhammad gêbyaring netra ||
--- 5 ---
39. Mawa sèrèt ijo kuning | gêbyar katon gêbyar ilang | nora jaba nora jêro | lah iku karaton baka | nuksma sahiru'l'alam | kêkêl ing salaminipun | ênggon ni'mat tur manfa'at ||
40. Nèng kono bakal kapanggih | bapa biyung garwa suta | kulawarga saantero | aja manèh kadang mitra | bumi kasa umanggya | alas gunung samodra gung | jro pancêring netra ana ||
41. Pramila manusa urip | yèn nendra asring supêna | wruh gumlaring jagad kabèh | kahanan kang luwih mokal | nèng kana nêmu raga | malah nora pisan emut | yèn ninggal jisim nèng dunya ||
2. Sinom
4. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Bogor
1. Dupi ing alama-lama | ingsun nèng tanah Batawi | gya mirêng pawarta ana | guru kondhang nyakrawati | putus saliring 'ilmi | ing Bogor manggon nèng kampung | Kledhang têpi narmada | gyèngsun sigra nilas warti | dupi panggya sur[11] matur yun muruhita ||
2. Enggaling crita kewala | Kyai Guru amarêngi | nanging ngong kinèn samêkta | piranti apa ingkang wis | sakala sun-têtêpi | ringgit têlung iji cukup | ratri ingsun winêjang | kang dhihin kalimah kalih | wusnya sahdat winêruhakên dunungnya ||
3. Rasul iku rasa-kita | ingkang angubêngi dhiri | nglimputi wujud Mukhammad | dêdêging manusa urip | min awal sirah-mami | kang jro aran bait-al-makmur | bun-bunan ingaranan | bait-al-mukaddas[12] kang suci | huruf ekhe dumunung nèng dhadha-kita ||
4. Min akhir pusêr-manira | huruf dal sikil kêkalih | lah iku wujud Mukhammad | têgêse manusa urip | jroning badan mênuhi | barang apa dunya nêmu | raga sasat bawana | nadyan sêpur kreta-api | surya candra pêpak anèng guwagarba ||
5. Marma wong nendra supêna | sajatine ati budi | manjing nèng klowongan murda | iku jagadnya pribadi | tan siwah dunya iki | mangkana wuruking guru | kira sapuluh dina | ingsun pamitan lumaris | bali marang Batawi nggêguru Cina ||
--- 6 ---
5. 'Ilmu wêjangane Babah Hèk Swie ing Jakarta
6. Wismanya kampung Tanahbang | kasêbut Babah Hèk Swie[13] | winruhakên wujud tunggal | tunggal rupa Kwula Gusti | jêjuluk Kok Hong Sang Ti | nèng ngisor bumi sap pitu | ndi yèn wong arsa wikan | kinèn mèksi netra kalih | Jroning mèksi ana rupa kadi kita ||
7. Iku wujuding Pangeran | kang têmbe kita-lêboni | marma yèn hyun praptèng laya | kinèn mêndêng netra kalih | yêkti bakal kaèksi | wujud seta kadi ingsun | gêdhene mung samrica | putih wênês angebati | lah ing kana sun têmbe kinèn tut wuntat ||
8. Yèn wus manjing marang kantha | samrica kang rupa putih | nulya mumbul mring akasa | kuliling midêr ing langit | lawas-lawasing warsi | antara limalas taun | manjing marang jro rasa | rasaning manusa kalih | jalu priya gya dadya malih sawala ||
9. Nanging sadurungnya laya | siyang ratri kinèn eling | yèn yun tumitah ing dunya | kinèn tumiba wong sugih | yèn nganti tibèng miskin | lamun cilakane muput | manjing mring sato kewan | kang mangkana nora yukti | wus têtela gawene karya piala ||
10. Akèh-akèh piwulangnya | kang mokal nora sun-tulis | dupi ing antara warsa | sun lunga maring Batawi | bali mangetan malih | nèng tanah Krawang sun nêmu | guru sampurnèng pêjah | wong asli saka ing Têgil | adêdunung anèng desa Pasirhela ||
6. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Krawang[14]
11. Enggaling crita kewala | ingsun nêmbung talab 'ilmi | Kyai panuju ing karsa | sun kinèn mranti sêsaji | apa 'adat ingkang wis | wusnya samapta katuju | dina malêm Jumungah | pêpak para suta murid | madya ratri sun padha mring pinggir sêndhang ||
12. Kyai guru tata lênggah | dèn ubêngi para murid | lungguhira marêp ngetan | para siswa kanan kering | sun nor raga wor taklim | silasta dariji kuncup | sarwi pasang pamyarsa | Kyai angandika aris | sung sasmita mungguh tungguling wiyata ||
--- 7 ---
13. Sun sinung srana pralambang | kinèn ngincupi kang titi | mangkana cangkrimanira | ugêd-ugêd nguntal ardi | nguntal surya lan sasi | dene kaping kalihipun | ana wit randhu alas | mrambat sèmbukan kang cilik | nadyan ingsun wus wruh ngaku durung bisa ||
14. Kyai gya mbabar pralambang | mangkana dènira angling | hèh anak yèn dèrèng wikan | mangke kawula-jarwani | kacupa hya tan lali | sirik wuwus wongsal-wangsul | sayêkti mung sapisan | anak kang mbabar-pisani | kang rumuhun ugêd-ugêd nguntal surya ||
15. Puniku pancêring netra | ingkang sampun tandha yêkti | surya wulan taranggana | samodra wana lan ardi | malah jagad sakalir | manjing sadalêm pandulu | sabab netra punika | klowongane jagad yêkti | lah punika ugêd-ugêd nguntal arga ||
16. Ywa kang saisining dunya | nadyan swarga nraka benjing | ngriku karaton kang baka | langgêng kamulyan salami | sayuta satus kêthi | tri milyun kenging ingetung | wangsul kraton akhirat | kêkêl tan kenging winilis | mênggah randhu marambat witing sèmbukan ||
17. Randhu têgêsipun raga | badan sakojor puniki | dene kang nama sèmbukan | napas ingkang mêdal manjing | dadya talining urip | malah sifatun tansiku | saha kiyamu'lkudrat | têgêsnya lafal puniki | napas ingkang ngêsahakên wujud gêsang ||
18. Lan anjênêngkên kawasa | awit napas mêdal manjing | puji-mêmuji pribadya | tan wontên kawula gusti | wontênipun Ilahi | saking tekad tiru-tiru | sajatosipun Allah | angên-angên badan angin | jroning sanubari ana rasa mulya ||
19. Ngriku wontên bale 'arasy | panggonan kratoning urip | padhang narawang gumilang | gilang-gilang anêlahi | jagad kalangkung suci | luhur tan kêna ingukur | cahya tumejangkara | tanpa kara-kara kapti | badan alus têtêp nora iki ika ||
20. Ki Guru malih ajarwa | panêngêran ing ngaurip | lamun hyun praptèng antaka | kinèn nitèni kang titi | kurang catur dasa ri |
--- 8 ---
sagêbyaran sring andulu | samodra nglangut jêmbar | sarta aningali langit | sêmu andhap sabên dina saya cêndhak ||
21. Yèn kurang rong puluh dina | umèksi wayangan putih | kaèksi wus kaluruban | yèn kurang sapuluh ari | gunung Tur tan kaèksi | ardi sapucuking irung | yèn kurang pitung dina | plênggahan Rasul tan kêri | tandha rasa ing cêthak kang wus palastha ||
22. Lawan malih Nur Mukhammad | gêbyaring netra kêkalih | wus sirna ujwalanira | lamun kirang tigang ari | ilang swaraning kuping | kirang sadintên sadalu | kulit thêmèl kewala | ludira pucuk driji nir | napas-kita hawane asrêp kewala ||
23. Gya ana cahya sakeswa | saking brajamusthi mijil | umanthêr ana ing ngarsa | sumundhul têrus wiyati | nulya napas kaèksi | saking grana kadi kapuk | tur manjing mêtu kurang | pêcating uswa umanjing | anèng utêk tumrun jantung manggya 'alam ||
24. Akèh-akèh sujarwanya | kang mokal-mokal tan yêkti | wusnya nutug piwulangnya | watara sapuluh ari | ingsun pamit lumaris | mangetan marang dêlanggung | Anjog ing Purwakarta | nèng kana sun mirêng warti | ing Kauman ana guru wus kawêntar ||
7. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Purwakarta[15]
25. Sigra-sigra sun kapanggya | pranata ngaturkên taklim | sumaos sun ngatas jarwa | kawruh sampurnaning pati | pati ingkang patitis | lir para siswa ingkang wus | winêjang kawruh mutlak | kulakumacèlu ngudi | ring pidikan-paduka dining wiyata ||
26. Ki guru aris manabda | hèh anak langkung prayogi | andika yun 'ilmu rahsa | kang kangge ing ngrika ngriki | wus wajibnya ngaurip | têmbe ngarêp-arêp layu | yuwananing kasidan | sida palasthaning dhiri | benjang malêm Jumungah ngajêng punika ||
27. Sadarpa sun nêdya muhtas | talabu'l'ilmu manganti | dupyantara limang dina | tumrap ari Kêmis enjing | ingsun kinèn sêsuci |
--- 9 ---
ring sêndhang adus têturuh | praptèng malêm Jumungah | pêpak para siswa murid | ingkang mangka saksi rukuning pamêjang ||
28. Lêlungguhan lunggwèng langgar | dupi praptèng madya ratri | sun sila nguswasta pasang | karna murdèngsun tumiling | pamêjangira ririh | ngarah-arah rèh sru ruruh | Kyai maca kalimah | tayibah gya dèn jarwani | ora nana Pangeran anging Dzat Mulya ||
29. Nabi Mukhammad punika | dadya sifatnya Hyang Widdhi | dene Mukhammad manusa | mêngku Rasul rahsa jati | Kyai ngasta maryati | gya pinaringkên maring sun | ingsun kinèn umiyat | apa kang katon jron cêrmin | sun umatur wontên warni kados kula ||
3. Dhandhanggula
1. Kyai Guru atêtanya aris | hèh ta anak pilih pundi ndika | kang jaba tuwin jêrone | anak andika-dumuk | ingong matur pilih kang jawi | gumuyu pra sahabat | pangêncupku luput | Kyai Guru lon ngandika | anakndika pilih Mukhammad sajati | kang botên kenging risak ||
2. Ingkang wontên sadalêming cêrmin | kadi ndika tan siwah sakiswa | tanaga paripolahe | marma yèn têmbe surud | ing kamuksan anak kang eling | wontên wujud gumawang | tumeja ngênguwung | gêngnya satawon gumana | lir andika mawa ciri sastra Aliep[16] | sajatining manusa ||
3. Wasta Aliep munta klimun wakit | galêr lambe kang nginggil punika | ingkang tan wontên namane | benjing lamun yun murud | mantuk dhatêng têpêt kang suci | marginipun tan liya | mituhu puniku | nulya manggih jagad jêmbar | padhang nrawang datan wontên ngupamani | sirna gusti kawula ||
8. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Cirêbon[17]
4. Dupyantara nèng kana nêm ari | ingsun pamit laju trus mangetan | Murang marga anjog Crêbon | anèng kana sun ngrungu | ana guru putus ing 'ilmi | rèh silaning kasidan | malah ingkang mashur | bisa mati jroning gêsang | gya sun kusung-kusung sêdya hyun talabi | samana wus kapanggya ||
--- 10 ---
5. Adêduning[18] anèng kampung Gupit | ingsun tata pranata silasta | ngapurancang matur alon | praptèng-kawula èstu | mirêng warta têtela yakin | gumêlar cakraningrat | paduka sring muruk | nuntun para punggung mudha | rèhning kula cupêt kawruh sangu pati | kang patitis ing kahnan ||
6. Yèn panuju cundhuking panggalih | ingkang têrus poadu'zzakiah | nuwun kaswanta dasihe | wijanging kawruh khusus | ingkang kadya sadaya murid | sami bijaksèng tekad | rèhning sampun gadhuh | saking pêparing-paduka | Kyai Guru mangsuli sabda rum manis | adhik langkung ndupara ||
7. Botên pindhah-pindhah kula wasis | langkung cubluk mung darmi kewala | kawruh mêndhêt saking primbon | tilaran kaki buyut | canggah warèng angsalnya nguni | saking Sunan ing Benang | sajarah kasêbut | ngantos dumugi ing kula | lah punika kang kula-bage waradin | dhumatêng para siswa ||
8. Sajatosnya adhik kula pingging | boya pisan uninga ing sastra | saha botên sagêd maos | nanging sadarmi wêruh | blêjat-blêjat ungêling tulis | suprandosipun[19] kathah | para santri nungsung | utawi para juragan | para tani angudi dalaning pati | sa-sagêd-sagêd-kula ||
9. Lamun ndika têmên-têmên adhik | lah sumangga adhik sami brayan | kula-turi mirêngake | mênggah wêjangan-ulun | benjang malêm Jumungah adhik | tur wontên sarêngannya | tiyang tani pitu | nanging andika samapta | pirantosnya sêkul wuduk ayam putih | mori tigang saptangan ||
10. Lamun andika botên kuwawi | angragadi kados kang wus klampah | andika prayogi barès | kula ingkang katêmpuh | sabab sirik lamun anampik | sanadyan basa wonga | sudra ing marga gung | kere ngêmis nêdya ngalap | kawruh-kula adhik yêkti botên bali | pun tamtu kula-wêjang ||
11. Sampun ingkang kados ndika adhik | maksih jamak ing sa-sama-sama | tan pakèwêd sung kawruhe | samana gyèngsun ngatur | -akên
--- 11 ---
ringgit amung sawiji | Ki Guru kipa-kipa | alon dènnya muwus | adhik sampun susah-susah | suka arta de paminta-ndika yêkti | tan wangsul rèh sakarsa ||
12. Arta-ndika mung satunggal ringgit | sayogyane kangge sangu marga | de prantos saanterone | kula ingkang têtulung | mung panêdha-kula têng adhik | mantêp kalanggenena | pangèstuning kawruh | benjang ing malêm Jumungah | nanging Kêmis sontên andika sêsuci | têturuh ing patirtan ||
13. Dupyantara praptèng ari Kêmis | gyèngsun jêjamba marang narmada | gya ri malêm Jumungahe | samana kanca pitu | wus samêkta sajèn sumaji | dene kang olah-olah | garwanya Ki Guru | dupi praptèng malêm madya | pêpak para murid ayun dadya saksi | lir 'adat kang wus klampah ||
14. Duk samana ingsun gya dèn irid | lawan kanca pitu kang yun ngalap | pagêr lor-kulon jujuge | papane luwih singup | nèng ngisoring puspita kanthil | Kyai sèndhèyan wrêksa | ngetan adhêpipun | sigra ngulungake asta | kanca ingkang yun kawêjang anyêkêli | Guru ponang stiksna[20] |[21]|
15. Kyai nulya maca sahdat akhir | calon murid kinèn atut wuntat | miturut pangandikane | wusnya sahdat Ki Guru | nulya mulang donga mring mami | mantrane têmbung Jawa | kene tan kasêbut | cêkakane iku donga | lamun nêdya nyorog wruh wayangan putih | kang kadya wujudira ||
16. Iku ingkang têmbe dèt[22] tut wuri | bangkit nggulung jiwamba wasana | têmah ilang saragèngong | manjing mring 'alam nukus | ingkang biru ujwala kuning | wêning padhang gumawang | sawusnya sun nyakup | donga ingkang kinon apal | sigra Kyai Guru pasrangkara malih | hèh yogya ndika wikan ||
17. Sajatine Allah Rasul iki | sami ndika-upaya ring badan | mangke kula wèh pasmone | murub datanpa sumbu | kadya kapuk katrapan api | tan nglêbêt datan jaba | yèn ndika wus wêruh | tapaknya kuntul anglayang | tunggil nama wisma kang tan mambu agni | lah andika upaya ||
--- 12 ---
18. Supados panggya dalu puniki | cêgah yèn kula mangke mbabarna | Guru tan wajib mruhake | yèn satunggal puniku | botên langkung saking pribadi | lah mangga ndika wêca | kabèh murid thinguk | gya Kyai Guru têtanya | lamun ndika lami tan kapanggya siwi | punapa wastanira ||
19. Gya na kanca sajuga sru angling | matur marang Guru wuwusira | watak tani barès kurès | yèn lami tan kapangguh | lawan suta kangên kapati | gya pra saksi sadaya | salam 'alaikum | sun-graita wus têtela | angên-angên nora jêro nora jawi | ananging pêsthi ana ||
20. Para murid wus nyandhak ponang lid | yèn tan ana Pangeran kang nyata | mung angên-angên nyatane | Kyai Guru gya kondur | para siswa kinèn tut wuri | dupi praptèng jro wisma | Kyai mbuka buku | krêtas gêndhong samak klasa | gya paring wruh murid anyar kinèn ngudi | kang sawêngi kapanggya ||
21. Kyai maca layang pupih[23] Kingkin | nanging laras Sundha têmbangira | tur nggablogi rimbagane | ukara tuna langkung | bolak-balik akèh kuwalik | ngalarah ngayawara | wêwarah tan kusur | rèh sun waskitha pamawas | ora uwas têmbung têmbung ingkang tulis | surasane cangkriman ||
22. Pangrunguku cangkriman kang dhingin | bango buthak ngêndhok ngênthak-ênthak | pating galethak êndhoge | yèn antigan dèn jukuk | siji obah kabèh waradin | kaping kalih cangkriman | -ira Kyai Guru | aran cublak-cublak ika | cublak suwêng suwêngnya galèntèr mijil | pêdhot liru kewala ||
23. Sing sapa wus wruh lambang puniki | iya iku sajatine Islam | Islam kanggo kana kene | de bango buthak iku | dadi aran sahdat sajati | tan susah maca klimah | jangji wus wruh cukup | silaning tumitah gêsang | angawruhi Islam sahdat kang hakiki | khusus wuwus punika ||
24. Saka panggayuh-kita puniki | cublak suwêng ingkang mlêbu mêdal | tur lira-liru pêdhote | tan liya napasipun | Hyang Pramana
--- 13 ---
aran kang yêkti | ujare kawruh Buddha | têtali kang idhup | lir simbar munggèng kakaywan | bisa urip nanging ora darbe karsi | dene yèn oncat rusak ||
25. Basa bango buthak sun-watawis | datan liyan budayaning cipta | angên-angên tan wruh nggone | sahadat tanpa asdu | mung naksèni jênêng pribadi | tan nabda tan micara | mung grêgêting kalbu | kalbu mukmin baitu'llah | nora susah ngawruhi Allah kang kidib | kajaba ciptanira ||
26. Wusnya rampung ingsun dèn jarwani | gyèngsun winêruhkên panêngêran | yèn praptèng layon ing têmbe | ana pratandhanipun | kudu awas kinèn nitèni | yèn kurang satus dina | sring umèksi laut | sagèbyaran anèng ngarsa | dene lamun kurang pitung puluh ari | sring mèsi[24] cahya seta ||
27. Gêng sakeswa manthêr ing wiyati | lamun kurang patang puluh dina | suwaraning kuping kalong | suda ingkang gumrubug | lamun kurang sapuluh ari | langit katingal andhap | sagêbyaran gathuk | lawan gumlaring bawana | dene kurang pitung dina kudu uning | Nur Mukhammad pulastha ||
28. Dene lamun kurang tigang ari | palênggahan Rasulnora krasa | anèng cêthak panggonane | de yèn kurang sadalu | kulit daging thêmèl kapati | dèn usap tanpa swara | lamun malihipun | napas mlêbu mêtu kurang | sarta asrêp kewala tandhaning urip | Hyang Pramana wus sirna ||
29. Akèh-akèh dènira njarwani | panêngêran ingkang luwih mokal | ing kono sun-anggit bae | duk praptèng wolung dalu | anèng kana sun nulya pamit | karilan lumaksana | mangetan lumaku | trus têtirahing hèrnawa | ing samarga-marga ingsun datan sêpi | têtanya nggon wong tuwa ||
4. Pucung
9. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Tanjung Têgal
1. Nèng dalanggung antuk warta gya ngong nungsung | ing desa Lêmahbang | dhistrik Tanjung nagri Têgil | lah ing kana ana wong tuwa kasusra ||
--- 14 ---
2. Kondhang kidung kasêbut Guru Linuhung | wong ing manca desa | tuwa anom ngatas kawrin | minta jarwa ing rèh sangune kasidan ||
3. Rèh wong idhup tan wurung rumakêt maut | taunan windongan[25] | ing dunya kêna winilis | wangsul kraton akhirat tanpa wangênan ||
4. Waktu iku sun-upaya gya kêtêmu | cundhuk ing pawarta | Kyai Tanjung sugih murid | ingsun prapta pasang trap silaning krama ||
5. Kula nuwun sru nêmbung klunun kulunun | Kyai gya nambrama | bagya-raharjaning wuri | sun umatur prêlune kang kita-sêdya ||
6. Wuwusipun dhuh Kyai prapta pukulun | ing ngarsa-paduka | sumêdya talabu'l'ilmi | rèh andika wus kasub sacakraning rat ||
7. Kondhang kidung ing Tandjung Guru linuhung | lah punika bapak | purwanta nungsung pawarti | kusung-kusung pamungsêng srênging wardaya ||
8. Bagya agung kapanggya kang nuksmèng gunung | ing mangke kawula | masrahakên blilu pingging | mugi-mugi kasirnakna tyas kang mudha ||
9. Kyai manggut angungun kramaning têmbung | tansah ing pamawas | datan was waskithèng galih | angandika anak priyantun punapa ||
10. Kok saklangkung nglugas wastambêk wong punggung | kula botên samar | andika tilas priyayi | apês mblêbês maksih janma narapraja ||
11. Pan wus tamtu andika sring parêk Ratu | tur bangsa susastra | katawis têmbung patitis | hèh ta anak sokur sayuta de karsa ||
12. Ngudi kawruh kang kangge janma tumuwuh | sangkan mulyèng paran | kang sayogya dèn kawruhi | benjang malêm Jumungah ngajêng punika ||
13. Kula-tuntun dhasar wontên rowangipun | sadhèrèk-kawula | pribadi saking tyang èstri | sampun lami sumêdya sawêg samangkya ||
14. Nulya ingsun ngaturake ringgit têlu | kang mangka waragad | piranti panata gami | Kyai Tanjung tiarda sru kipa-kipa ||
15. Sarwi muwus hèh anak kula tan ayun | ngambil arta-ndika | sabab griya-ndika têbih | ing Ngayugya saking ngriki pitung dina ||
--- 15 ---
16. Ringgit têlu sayogya kinarya sangu | dene jêngandika | yun sidêkah tampi 'ilmi | apsahipun andika nêmpur pribadya ||
17. Sadasa mut lan ayam kang pêthak mulus | bumbu sawatara | samana sun-laksanani | marang pasar têtuku bêras rong pitrah ||
18. Sapuluh mut lan ayam ro putih mulus | tuku mori mêntah | têlung kacu limang kêthip | gya sun-gunggung mung êntèk limalas uwang ||
19. Tan kawuwus sa-rèh solahing pamuwus | praptèng Wrahaspatya | ri Jumungah madya ratri | ingsun kinèn siyaga kampuh wangkingan ||
20. Nganggo kalung gêlang kana kêlat-bau | jêjamang pinajang | sumping karna gajah-ngoling | ganda wida sari rum jêbat buratswa ||
21. Sawang sêmu lir pangantèn hyun têtêmu | samana wus perak | para murid juru saksi | nggêlar mori seta nèng jroning pidikan ||
22. Gya anunu dupa sakêpêl kumutug | ngêbêki toreyan | sung ganda rum maratani | Kyai Guru sila mapan mring kaneya ||
23. Gyèngsun maju nor roga solasta[26] kuncup | madhêp ring utara | Kyai Guru mêdhar kawrin | kang kadumuk sajatining Hyang Pramana ||
24. Tur kasêbut Suksma Kawêkas sing idhup | kaping kalihira | paring uning Hyang Pramèsthi | guruning wong tumitah ing ngarcapada ||
25. Gya paring wruh Hyang Nurcahya dunungipun | ngèbêki bawana | ing jagad tan ana kalih | Hyang Triyatra dumunung panggonan sunya ||
26. Tan kadulu tanpa warna tanpa wujud | tan èstri tan priya | nora kantha nora kanthi | angèbêki bumi dinumuk tan kêna ||
27. Iya iku kang aran galihing kangkung | jroning wuluh wungwang | kang cangkrama nuksmèng wadi | madi mani manikêm gya salin nama ||
28. Wus kasêbut Hyang Pramana aranipun | yèn tan awas kita | mahya manjing pamrih |[27] tanpa rasa lir simbar munggèng kakaywan ||
29. Tur kasêbut bale atma têgêsipun | bale iku papan | atma nyawa dèn wrêdèni | napas iku panggonane urip-kita ||
30. Jênêng idhup jatining Krêsna lan Wisnu | nora kêna pisah | ngejawantah ping sakêthi | Wisnu krêsna kumpul ing salaminira ||
--- 16 ---
31. Aran Wisnu rasa-kita kliling wujud | de têgêse Krêsna | wandaning manusa urip | marma wajib urip ngarêp-arêp arja ||
32. De Hyang Guru angên-angên-kita iku | kang tinut rèh karsa | rintên ratri dèn guroni | mobah molah saka Hyang Jagadpratingkah ||
33. Kang dumunung mêmaniking netraningsun | kering kanan juga | kita sakojur mratani | akèh-akèh sujarwanya kang ndupara ||
5. Pangkur
1. Hyang Suksma kang maha mulya | Suksma Luhur yun oncat saking dhiri | rèhning pacangkramanipun | bakal rusak pulastha | Suksma Luhur sakala arsa anggulung | ingkang asma Hyang Pramana | Suksma Kawêkas sing urip ||
2. Wus wênang tunggal sajuga | lawan Sang Hyang Guru Hyang Sidajati | dadya samrica binubut | mahya saking sasana | mêtu nggithok gya mring rawismaya mumbul | kliling yayah cakranggana | dadya cahya manjing wêning ||
3. Ngên-ngên ngêbêki bawana | ing sakarsa-karsa karsane dadi | yun manjanma malih nusup | jumênêng rasa tunggal | Hyang Nurcahya manjing netra thlênging kakung | kang yun sarêsmi lan garwa | têmah karo pisan amrih ||
4. Pangungkih rèh driyasmara | nèng sajroning pamade puspita ning | samana salin jêjuluk | aran Sang Hyang Nurrasa | lah ing kana purwaning we kamandhanu | ingkang jumênêng pribadya | mobah molah karya dhiri ||
5. Gya kasêbut Sang Hyang Wenang | tantra catur dasa ri salin nami | Sang Hyang Tunggal rèh wus gathuk | rasaning kakung kênya | Sang Hyang Tunggal nulya karya kantha catur | kang ingaran pancadriya | kasêbut Sang Hyang Pramèsthi ||
6. Karya klowongane aksa | iya iku maniking netra kalih | samana Ki Guru Tanjung | sigra ngasta antiga | gya kathuthuk pêcah sun kinèn andulu | kantha klowongane netra | lah iku kang dadya dhingin ||
--- 17 ---
7. Gya kapanjingan Nurrasa | angubêngi badan sakojur wradin | tur manjing jro balung sungsum | iku purwaning janma | mêngku rasa karasa ring Sang Hyang Guru | karan Wisnu lawan Krêsna | tan pisah salami-lami ||
8. Rampunging pamêjangira | gya sun ucul sumbaga gya dèn ganti | marang ipene Ki Guru | nulya ngrasuk busana | wus tan siwah lan ingsun kulukan kampuh | gêlang kalung sumping karna | rèh pamêjang tan salisir ||
9. Dupi rampunging sajarwa | nulya ambêng mahya awarni-warni | samana sigra dèn kêpung | tan iklar tanpa donga | enggal ingkung carita wus bangun esuk | gyèngsun dèn jak mring narmada | prapta satêpining kali ||
10. Dèn jarwani panêngêran | lamun krungu swaraning bayi lair | sarta malih tangisipun | yeka dadya pratandha | yèn Hyang Suksma Kawêkas darbyarsa murud | marang kraton Tejamaya | ring rawismaya tan kèksi ||
11. Nahantya sun ngatas jarwa | ing sa-ari-ari tansah sung warti | lakuning jalma manusup | tumanggal ngarcapada | malah Kyai sabarang wicaranipun | kabèh Kawi Sangsêkrita | marma prêlu sun-cathêti ||
12. Ingsun nèng Tanjung sacandra | dupi anis barang wulangnya Kyai | sun pamit Kyai jumurung | ing rèh gangga tri gangga | anyandhunga sawakul puspa rum-arum | ingsun pinaringan arta | saringgit sangu ing margi ||
13. Wusnyandum puja pambagya | gyèngsun budhal mangetan tanpa kanthi | anèng marga tan kacatur | enggaling lêlampahan | ingsun praptèng ana Pakalongan njujug | kampung Poncol wetan kutha | sabab sun wus mirêng warti ||
--- 18 ---
10. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Pakalongan[28]
14. Kana ana janma wrêda[29] | putus kawruh ing rèh silaning krami | patitis trus lair kalbu | anggêp endraning laya | ingsun tanpa larapan laju tumanduk | kaparêng Ki Guru lênggah | nèng bale made pandhapi ||
15. Wusnya kramaning kamulyan | ingsun matur minta talabu'lkawrin | rèh andika wus kasuwur | kawêntar kajuwara | lêlampahan pitung dintên samya nêbut | ing kawruh asma andika | marma kula nglaksanani ||
16. Sowan ring ngarsa-andika | dêlap gêsang tan wruh mulyaning pati | kang patitis paranipun | kula nyrahkên jiwangga | mugi-mugi sirnakna bodho pukulun | benjang punapamba tanggap | pamardining kawruh lungid ||
17. Ki Guru sumambung sabda | anak lamun sadarpambêk kapengin | ing 'ilmu kang kula-gilut | nanging tyas-kula samar | bokmanawi anak tan kuwawi nyakup | sabab wêwêjangan-kula | mutakat namung sadarmi ||
18. Botên langkung panêdhamba | lamun anak sampun kula-jarwani | kagaliha lan kagilut | gulêt awor yitmaka | lah ing ngriku tarkadhang badhe katêmu | mantêp ing tekad kang nyata | wus liwung tan madhêg[30] nolih ||
19. Kêncêng tan keguh datan was | wêruh santri bangkit mumbul ring langit | wruh malim 'ulama pingul | sayêkti botên kewran | datan mamang tanpa uwas datan keguh | yèn wus nyakup 'ilmu-kula | benjing sontên kula-turi ||
20. Gya sun matur nyuwun priksa | mring Ki Guru karsanta benjing enjing | dalu kawula yun sinung | sèwu sangêt narima | nanging kula nyuwun têrang yogyanipun | punapa damêl sidêkah | kados pundi 'adat kang wis ||
21. Kula sêmêja sadhiya | ing sawawrat rèh kula sawêg miskin | Ki Guru ngandikanipun | hèh anak yogyanira | ndika suka arta sadasa wang cukup | mori sakacu kewala | kinarya sarat naluri ||
--- 19 ---
22. Gya ingsun-turut kewala | enggaling kang carita praptèng ari | dina bêngi kang katamtu | sun tanpa adus kramas | nulya Kyai mêtu latar nulya lungguh | nèng widhig sun kinèn cêlak | pinêluk lungayan-mami ||
23. Mangkana pangandikanya | hèh ta anak ndika kula-sukani | ing kawruh kang kula-gilut | gulêt awor yitmaka | satêmêne ana asal saking suwung | boya kantha boya warna | boya kakung boya èstri ||
24. Gya tumitah ngarcapada | lah ing ngriku umanggih nraka swargi | têmbe ndika tamtu wangsul | mulih mring jaman ora | sirna swarga nraka tur sirna kang wujud | mung puniku kawruh-kula | yogya kagalih kang titi ||
25. Dene jaman ngarcapada | lah ing ngriku unggyan Kawula Gusti | wontênipun awon bagus | wontên kapir lan islam | nulya bubar ingsun lawan Kyai Guru | karweka manjing mring wisma | ngêpung slamêtan rong piring ||
26. Dupi rampungnya pitêdah | akèh-akèh Kyai dènnya njarwani | ing kene nora kasêbut | rèh wadining agama | yèn sun-wêdhar anêrak pacaking Rasul | ingsun anèng kana lawas | watara olèh sasasi ||
11. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Samarang Said Dahar bin 'Abdu'llah Almahgribi[31]
27. Wus nutug piwulangira | Hyèngsun pamit lumaris mring Samawis | nèng kana sun nêmu guru | kasêbut Said Dahar | bin 'Abdu'llah Almahgribi asalipun | wisma ing kampung Pakojan | Said Dahar sugih murid ||
28. Akèh pra santri 'ulama | para haji kyai umanjing murid | dhasar Said wus misuwur | gyèngsun ngupaya marga | supayantuk dadya siswa anggêguru | sabab kumacèluning tyas | srênging karsa antuk margi ||
29. Aran Haji 'Abdu'rrahman | ingkang karsa mitulungi ring mami | sun atur arta sapuluh | rupiyah mangka wragad | duk samana ingsun dèn irid cumundhuk | ring Tuwan Said katampa | apa ing sakajat-mami ||
--- 20 ---
30. Tuwan Said luwih gampang | rina wêngi yèn mirid nora tampik | tuwa anom èstri jalu | dene ta 'ilmunira | dèn asalkên turunan jaman rumuhun | awit Kangjêng Rasulu'llah | karan tarèk Naksabandi ||
31. Pinaringkên Abu Bakar | run-tumurun praptaning Tuwan Said | samana budi wus cundhuk | parêng ing karsanira | ingsun kinèn asêsuci adus wuwung | praptèng bakda mahgrib nulya | pranatane Naksabandi ||
32. Kang mituturi maring wang | murid ingkang wus tanggal ing pangèksi | mangkana pamuwusipun | hèh adhi patrapira | lamun ndika bakda salat ingkang prêlu | kang sayogya linaksanan | plênging dhikir Naksabandi ||
33. Suku ro têmpuh astanya | karo pisan tumumpang jêngku kalih | nulya ilatnya katêkuk | mandhuwur marang cêthak | untu ngisor gathukna untu kang dhuwur | yèn wus mranti gya dhikira | la ilaha ila'llahi ||
34. Ubêtna walikat kiwa | praptèng kanan Allah manjing mring ati | ya iku sajroning jantung | Mukhammad Rasulu'llah | unggahêna mring sajroning bait-al-makmur | ing utêk mustakanira | yeka dhikir Naksabandi ||
35. Utamane sabên dina | kinèn dhikir ping têlu nutup angin | napas nora kêna mêtu | yèn wus lanyah ping lima | kaping sanga ping sawêlas sapandhuwur | kang mantêp têtêp rèh tekad | têkan ping slawe ywa luwih ||
36. Yèn wus tinarimèng sêdya | tamtu wêruh bakal panggonan benjing | bisa panggya bapa biyung | malah yèn wong-tuwanya | anèng nraka Naksabandi bisa nuntun | manjing mring karatonira | lan malih wong Naksabandi ||
37. Darbe paedah tri warna | ingkang dhingin awèt urip nèng bumi | kapindho tan mulês ngêlu | kaping tri sinung bandha | Haji 'Abdu'rrahman akèh sorahipun | barang crita ingkang mokal | tan kasêbut anèng tulis ||
--- 21 ---
6. Kinanthi
1. Nèng Samarang wolung dalu | ingsun hyun lumaris malih | mituhu codhonging cipta | nêdya ngupa kawruh malih | sabab wardayèngsun malah | kuwur bingung morat-marit ||
2. Sabên ingsun nêmu guru | kondhang sudibyèng pangawrin | dupi sun wus pinaringan | cuwa wit pangrasa-mami | wêjangane ngayawara | wêwarah datanpa yêkti ||
3. Kabèh-kabèh para guru | pangawruhe boya sami | dalah mutakating tekad | karaton akhir nalisir | iku purwèng tyas-sun mamang | gya budhal saka Samawis ||
12. 'Ilmu wêjangane sawijining Pangeran Kadilangu
4. Nèng kana bêngi sun ngrungu | ana guru gêng linuwih | wus kondhang tanah bang wetan | nanging sawatara têbih | saking Dêmak kidul-ngetan | sun-upaya gya kapanggih ||
5. Anèng desa Kadilangu | dene kang jumênêng Kyai | kasêbut Kangjêng Pangeran | tur ngasta buslit Batawi | ingsun matur manuhara | mêminta talabu'l'ilmi ||
6. Enggaling carita antuk | kinèn sumaji sêsaji | apa 'adatnya kang klampah | samana wus sun-têtêpi | enggaling crita kewala | ingsun dèn wêjang ing ratri ||
7. Mangkana wêjanganipun | la ilaha ila'llahi | Mukhammadun Rasulu'llah | kita nurut rèh pamardi | rêringkêsaning sajarwa | ingsun nuli kinèn mijil ||
8. Nèng latar tantara dangu | pribadi tan mawa kanthi | nulya dèn uwuh mring wisma | manjing dalêm tata linggih | sun kadangu ana apa | ing latar sira-tingali ||
9. Ingsun matur suwung wangwung | Pangran Kadilangu angling | hèh bênêr tan ana apa | jroning pati sêpa sêpi | jwa kadi santri kaparat | ingkang dèn ipaya swargi ||
10. Upamane sira turu | thole ingkang nora ngimpi | iku rupaning pralaya | datan kakung tan pawèstri | bali asalnya ing kuna | duk sira durung dumadi ||
--- 22 ---
11. Marma wong urip puniku | purwèng 'adam saka sêpi | laju wujud sapunika | upama sira lumaris | lumaku ngupaya 'adam | anak tan wurung pinanggih ||
12. De napas angên-angênmu | yèn wis oncat saka dhiri | dadya wong ngêbêki jagad | urip ing bawana iki | kang dinumuk nora kêna | mung iku pitutur-mami ||
13. Bêngi iku ingsun sinung | maca layang Dewa Ruci | gêdrik wêton ing Samarang | wit saka Surakarta di | sabên sun maca sapada | Kangjêng Pangeran njarwani ||
14. Dupyantara pitung dalu | nèng Kadilangu sun pamit | lumaku ngidul mangetan | tan kawarna anèng margi | Tumêka nèng tanah Blitar | bêngi sun ngrungu pawarti ||
13. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Blitar[32]
15. Ana Guru wus misuwur | wismèng desa Bêndhadhampit | prênah sa-lor-wetan kutha | gyèngsun sigra mara tami | panggya sinambramèng bagya | enggaling carita ratri ||
16. Lêlênggahan anèng tajug | dupi praptèng madya ratri | sun matur mêminta kaswa | sihing tyas angalap kawrin | rèh andika wus kasusra | Guru mumpuni ing kawrin ||
17. Kyai lêga tur panuju | gya ingsun ngaturi ringgit | loro kang mangka waragad | cêkaking pocapan prapti | ari malêm kang minulya | sun dèn jak mring têpi kali ||
18. Akèh pra saksi gumrudug | samana gya tata linggih | gyèngsun pinêluk sakala | Kyai ngandika bêbisik | nruhkên wujuding Pangeran | jro paningal-kita kèksi ||
19. Kadya konang warnanipun | têngah biru pinggir kuning | gêbyar katingal byar ilang | tan ana kang ngupamèni | benjang yèn hyun praptèng masa | wong-wongan jroning pangèksi ||
20. Manjing mring tartamtu |[33] kumpulnya Kawula Gusti | Gusti manjing ring Kawula | têmah jumênêng Pribadi | yeku kraton luwih jêmbar | mulya langgêng slami-lami ||
--- 23 ---
21. Warna-warna jarwanipun | kang mokal kurang patitis | sun nèng kono têlung candra | gya pamit marang Pak Kyai | kalilanan lumaksana | ngalor-ngetan cipta-mami ||
14. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Sidacrêma Surabaya
22. Maksih hyun ngupaya guru | kang dadya condhonging ati | praptèng desa Sidacrêma | bawah nagri Surabanggi | ing kono kacrita ana | guru dibya putus ngaji ||
23. Pasantrèn turun-tumurun | awat jaman Majapahit | praptèng mangkya tambah arja | gyèngsun sigra-sigra manjing | jroning pakarangan kagyat | gumun kèhing para santri ||
24. Cacahnya pondhok salikur | siji pondhok kèhing santri | satus sèkêt nora kurang | santri ewon gêdhe cilik | asal saka manca praja | sun njujug pondhok sawiji ||
25. Sun ngupaya marganipun | bisa sowan marang Kyai | kang sêpi tan ana jalma | antara sapuluh ari | ingsun nuli katimbalan | têtêmon ing wisma cilik ||
26. Dupi panggya mung wong têlu | sun umatur mawa taklim | nuwun wahyaning sujarwa | trekat punapamba apti | kang kangge ing ngriki ngrika | badhe kawula-lampahi ||
27. Kyai pangandikanipun | hèh anak andika silib | mênggah pangajaran-kula | tan liya nêmbah Hyang Widdhi | sarana salat sêmbah-Hyang | junjung kamulyan Dzat suci ||
28. Yèn 'ilmu tarekat iku | kula-haramakên yêkti | botên langkung tiyang gêsang | amung anglampahi wajib | rukuning Islam lêlima | sayogya dipun èstuti ||
29. Miturut panutanipun | Mukhammad Rasulu'llahi | anjênêngakên sahadat | salat hajat Siyam sasi | Ramadlan kang kaping lima | yèn kuwasa munggah haji ||
30. Dene yèn ndika yun kusuk | ma'rifat dhatêng Hang Widdhi | sayogya angaji Kuran | miwah Tafsir awal akhir | nadyan ndikarsa tarekat | jroning Kuran botên sêpi ||
--- 24 ---
31. 'Ilmu punapa sung wêruh | kapir Islam 'ilmu taklit | bidengah lan mutajilah | pêpak ing sajroning Tafsir | kadariyah jabariyah | miwah tekad ahli suni ||
7. Megatruh
1. Anak sampun andika darbyati nglantur | ngupaya kawruh kang dakik | lajêng mbucal sri'at Rasul | ngrasuk 'ilmu pating klêsik | anak punika tan kanggo ||
2. Mangka jroning dalil Kuran wus anyêbut | la wajibu'lma'rifati | dunga ingkang têgêsipun | kawruh dakik botên wajib | basa dakik luwih elok ||
3. Sah-ing kawruh narik tamaning tumuwuh | gumlar wus kanggo sabumi | dadya silakramèng idhup | anênuntun ati suci | wus rong èwu taun klakon ||
4. Rèhning Tafsir anak sakalangkung ewuh | yogya ngaos kitab kriyin | mangke kula ingkang nuntun | pra sama bêbrayan ngaji | lah sampun andika ngaso ||
5. Gyèngsun mundur mali[34] mring pondhok gêgêtun | ngungun paran baya mami | bisa antuk kawruh luhung | 'ilmu ma'rifat sajati | kang kanggo èsthining maot ||
6. Mangka 'ilmu ing Ngayugya kang misuwur | 'ilmu ma'rifat sajati | têgêse wong bisa wêruh | marang wujudnya Hyang Widdhi | nora jaba nora jêro ||
7. Nulya ciptaningsun sumêdya mituhu | nglakoni ujaring Kyai | Sidacrêma kudu-kudu | sayogyane ngaji Tafsir | kitab Kuran nora kothong ||
8. Esuk sore ingsun ngaji marang tajug | dèn wulang marang Pak Kyai | nggonku ngaji luwih sêngkut | watarantuk pitung sasi | olèh wêwêngan Hyang Manon ||
9. Blêjat-blêjat lafal ma'na bisa wêruh | sarèhning tilas priyayi | ahli sastra ahli catur | tur rada sumurup Kawi | têmbung basane karaton ||
--- 25 ---
10. Rada gêlis tinimbang lan santri dhusun | têlung taun durung eling | cul-ing lafat ma'na kisruh | ngawur kawoworan ngeblis | salawase desa bodho ||
15. 'Ilmu wêjangane sawijining Kyai Guru ing Surabaya Said 'Abdu'llah Almaskat
11. Sajrone nèng Sidacrêma ingsun ngrungu | ing Surabaya nagari | ana guru aranipun | Said 'Abdu'llah Maskati | bangsa 'Arab maksih totok ||
12. Ananging wus bisa têmbung Jawa alus | gyèngsun ngupaya kapanggih | dene kang ngirid maring sun | Ajung Jaksa Surabanggi | sun matur sêdyaning batos ||
13. Kumacèlu ring Tuwan Paduka-tuntun | ing kawruh mulyaning pati | Tuwan Said nambung wuwus | ingsun durung tau mati | yèn mulanga yêkti goroh ||
14. Wong durung wruh mituturi pasthi luput | lakuning wong ngalap 'ilmi | kalamun hyun 'ilmu idhup | anggêguruwa wong urip | kawruh mati ring wong maot ||
15. Lamun nora mangkono tamtu kasêdul | wus akèh bangsane Jawi | dadya guruning wong lampus | tur durung tau ngêmasi | parandene bisa ngobrol ||
16. Lamun sira têmên-têmên yun maguru | prakara nyataning pati | maguruwa mring awakmu | dene kang wus tau mati | lah ingsun mêngko têtakon ||
17. Sira iku jalma têka ngêndi kulup | sumêdya lunga mring ngêndi | sayêkti apa tinêmu | lah iku paraning pati | ingkang patitis marang nggon ||
18. Wus muliha mung iku wêjanganingsun | golèkana sun-wangêni | têlung sasi kang katêmu | sapisan mbabar-pisani | poma aja klèru ing don ||
--- 26 ---
19. Yèn wus têmu sajroning tigang sutèngsu | thole tumuliya bali | mrena[35] sahna marang ingsun | bênêr luput sun-tuturi | katêmune ingkang cocog ||
20. Sun sandika angupaya tigang santun | kapanggih datan kapanggih | tartamtu kawula wangsul | manggut mèsêm Tuwan Said | gya ingsun mundur wong loro ||
21. Ajung Jaksa mulih marang wismanipun | sun mring Sidacrêma nuli | arda panggagasing kalbu | srêng pamungsêngku ngupadi | jro kitab Kuran sun-tonton ||
22. Nulya antuk parmaning Hyang Maha Luhur | katêmu cocog lan ati | lama ing antaranipun | sarujuknya lawan dalil | rasaning ati cumêplong ||
23. Sabab kawruh kang dadi saka pangrêngkuh | sanadyan ta 'ilmu apik | yèn atine nora cundhuk | sayêktine dudu 'ilmi | nadyan ala lamun condhong ||
24. Iya iku jatine kang aran kawruh | jroning dalil Kuran muni | annahuda hudalahu | têgêse pituduh ati | yeku pituduh Hyang Manon ||
25. Nulya ingsun darbe cipta yun têtêmu | marang guru Tuwan Said | wayah esuk sun lumaku | tan kawarnèng marga prapti | sun têrus laju sumaos ||
26. Sinambramèng pambagya sun matur nuwun | kalingga murda kapundhi | Tuwan Said ngandika rum | hèh thole apa wus panggih | coba jèrèngên sun yun wroh ||
27. Gyèngsun matur jarwa suta tanpa sintru | sangkan praptèng paran titi | saha dalilnya kasêbut | pasrangkara Tuwan Said | hèh thole rèh mung mangkono ||
28. Aja keguh godha-rêncananing makhluk | kêncêngana ing pangèsthi | amung iku piwulangku | nanging aja sira nampik | aja nacad kawruhing wong ||
29. Sabab kabèh sarupaning 'ilmu bagus | Cina Landa wong Abêsi | Buddha Bali Alipuru | saantero jênêng urip | nora nana ingkang awon ||
--- 27 ---
30. Lah ta uwis thole sarèhning wus têmu | muliha nglakoni ngaji | aja mêntah pangajimu | wong bisa namung sathithik | tartamtu yèn ora kanggo ||
31. Enggaling pocapan ingsun sigra mundur | mulih mring pondhokan santri | Sidacrêma tan kacatur | nèng kana antuk sawarsi | nggonku ngaji rada enjoh ||
32. Sigra ingsun pamit marang Kyai Guru | sumêdya ngalih angaji | saka Sidacrêma ngidul | karilan wus lumastari | mring Malang ngupaya kawroh ||
16. Kahanane Kyai ing Juga karan Panêmbahan Dhêpok
33. Sawatara nèng Malang sun ngrungu catur | ana Guru wus linuwih | waskithèng gaib kang samun | alas Juga dèn dunungi | bisa wruh durung kawiyos ||
34. Malah-malah Kyai kondhange ing tutur | bisa napak tlêng jaladri | pribadi tan srana prau | sarta manèh iku Kyai | karan Panêmbahan Dhepok ||
35. Ingsun ngrungu gugup ing wardaya nungsung | wêktu iku bagya panggih | ingsun nginêp tigang dalu | jêbul katrangane sêpi | yèn micara mung pasêmon ||
36. Kyai Juga akèh kêkêrasanipun | tur kabèh nora patitis | suprandene kèh kang nungsung | anyuwun donga pamuji | nanging para tani bodho ||
37. Marma ingsun nora sida anggêguru | laju bali kewala wis | gêla wuwuse tan kusur | saha nora bisa ngaji | iku purwane ingsun moh ||
8. Maskumambang
17. Warna-warnane wêjangan kang wis tinêmu
1. Ingsun nggluyur banjur mring tanah Basuki | Pugêr Bandawasa | têrus marang Banyuwangi | ngupaya kawruh kang nyata ||
--- 28 ---
2. Sabên ana wong tuwa ingsun-lêboni | mêksa durung ana | ingkang kadya Tuwan Said | kang wus bengkas marang tekad ||
3. Mung tekadnya kêncêng nora wali-wali | lêlejêming nala | ing kene kana wus kêni | trang wikan sirnaning angga ||
4. Anta munta kabla munta wus kapusthi | têgêse kang lafal | matiya sadurung mati | aran nggêguru wong pêjah ||
5. Wus têtela jatine manusa urip | lêlanjèn palastra | nanging tan ana pinikir | yèn durung antuk sajarwa ||
6. Dene ana para guru sun-lêboni | wiwit tanah Serang | mangetan mring Banyuwangi | akèh kliru kang pamawas ||
7. Ana guru mêmêjang paraning pati | manjing jroning utak | iku dèn anggêp swarga di | iku guru kabegalan ||
8. Ana mukmin mêruhkên panggonan benjing | namjur Nur Mukhammad | gêbyaring netra kang kuning | dèn anggêp karaton baka ||
9. Kang mangkana mukmin ngayawara silib | kang sawênèh ana | angên-angên nggulung angin | manjing mring têlênging dhadha ||
10. Jantung-kita dèn anggêp swarga ing benjing | ni'mat tur manfa'at | bisa panggya bapa bibi | lah iku mukmin katriwal ||
11. Malah ana kyai mêmêjang mring murid | angên-angên-kita | dèn anggêp Kang Maha Suci | têmbe bisa nggulung napas ||
12. Gya kagawa manjing ring adêbundambi | brutu dadya swarga | ing têmbe kang dèn lêboni | lah iku kyai kasasar ||
13. Ana malim mêruhakên Dzatu'llahi | sifating Pangeran | wong-wongan nèng netra kalih | kanggêp mring Mukhammad Allah ||
14. Kang mangkana saya sasar-susur nlisir | mutakating tekad | nora yogya dèn gandhuli | tan wurung kasurang-surang ||
15. Wênèh ana 'alim wus wasis mêmirid | marang muridira | mamèt layang Dewa Ruci | apan dèn anggêp Pangeran ||
16. Sabab iku kang ngêbêki jagad iki | uriping bawana | myang kewan-kewan sakalir | saka wangwung tawang-towang ||
17. Kang mangkono 'ilmu Buddha mawor eblis | tan yogya katelad | têtuladan tanpa dadi | ywa pracaya kang mangkana ||
--- 29 ---
18. Ana guru sugih 'ilmu sugih murid | mruhkên wujudu'llah | napas ingkang mahya manjing | dadya puji nora pêgat ||
19. Malah wani angarani salat daim | rèh wêtuning napas | kumpul kang ngêbêki bumi | yeku guru saya mbasar ||
20. Manèh ana mêmuruk lakuning pati | kinon mèksi rupa | gêdhene samrica putih | mawa rupa kadya kita ||
21. Ana tandha alief[36] muta klimun wakit | jatining manusa | galêring lambe kang nginggil | ingkang kinon atut wuntat ||
22. Tamtu bakal manjing marang suwarga di | wus tan kêna salah | lah iku guru kang nisthip | nistha tan wruh dalil Kuran ||
23. Ana santri mêmuruk mring anak murid | dikir akmaliyah | ngumpulake roh sajati | anèng utêk kumpulira ||
24. Wong dikir Hu yèn wus wuru bakal uning | padhang gamblang têrang | têrus mring langit kaèksi | iku santri maksih mêntah ||
25. Kang sawênèh manèh sawijining kyai | mandêng wêwayangan | nulya ana rupa putih | tan siwah wujud-manira ||
26. Lah puniku ingkang kinèn atut wuri | manjing daru'ssalam | nuli jumênêng pribadi | iya gusti ya kawula ||
27. Saya sasar nora kêna dèn tut wuri | nuli manèh ana | angên-angên nggulung angin | mêtu saking githok-kita ||
28. Mabur marang antariksa tan kaèksi | yèn nêja manjalma | nulya manjing rasa jati | nèng netrane kakung kênya ||
29. Gya jumênêng malih dadi mani wadi | manikêm mor rasa | nulya antarane sasi | lair dadya bayi abang ||
30. Kang mangkana la'nat kasurupan eblis | maksih anut Buddha | tan wruh gama wus sinalin | dening Kangjêng Nabi Duta ||
31. Kang wus ngarang Kuran pirang-pirang 'ilmi | dumadi dèn wulang | ngêncêngakên tekad yukti | kawruh nyatane pralaya ||
32. Kangjêng Nabi êmoh nraka moh swarga di | tan karsa mring kantha | nora karsa marang sêpi | ika ing kanjanmahpiyan ||
33. Aja kaya 'ulama jaman samangkin | ngaji tuna liwat | ngawur nasak tan patitis | tur pangakune wus Islam ||
--- 30 ---
34. Kang sawênèh 'ulama mulang mring murid | mung kinèn sêmbahhyang | limang wêktu sabên ari | tamtu bakal munggah swarga ||
35. Wus têtela 'ulama pêtêng kang ati | numbuk bêntus cipta | wêwarahe datan yêkti | ana manèh kang piwulang ||
36. Pra pandhita pituduh mring anak murid | yèn arêp wruh jaman | pati parane kang suci | ngèsthi dhikir Ya Hu padha ||
37. Kang dèn pandêng langit sap pitu sayêkti | gya sigar dadya pat | sasangka ingkang kaèksi | iku panggonane benjang ||
38. Badan nyawa tan pisah mumbul mring langit | ing kono kang mulya | kabèh pitutur kang iki | lir wong mêndêm gadhung nyata ||
39. Ana mukmin mêmêjang 'ilmu ting klêsik | ingkang para siswa | kinèn mandêng cahya putih | manthêr sasada gêngira ||
40. Iya iku kaèsthi ing dina wuri | badan lawan nyawa | dèn eklas aja kuwatir | iku mukmin nunjang-nunjang ||
41. Kang sawênèh ana rêsi amêmisik | panêngêr pulastha | grubuging kuping wus gingsir | kinèn mandêng rupa seta ||
42. Gêbyar katon gêbyar ilang ingkang warni | tan jêro tan jaba | kinèn tut wuntat ing benjing | iku rêsi gêlayaran ||
43. Ana manèh guru mêjang mring pra murid | 'ilmu panitisan | mandênga dzat kang sira-mrih | ing kana kumpuling angga ||
44. Saya bingung katêmpuh badannya sirik | tan kusur dèn keblat | kajalomprong ingkang tokhid | ing sawênèh guru mêjang ||
45. Sabab Nabi Mukhammad maksih anganti | ngêntèni umatnya | para Islam para mukmin | yun dèn jak marang suwarga ||
46. Kang mangkana la'nat kasurupan eblis | kagawa ing dajal | kablasar yitma kang manjing | sajroning growongan wrêksa ||
47. Momor têkèk nèng kono katon swarga di | pangrasane seba | ngadhêp Jêng Mukhammad Nabi | yeka 'ulama kang mêntah ||
48. Sun wus ninga ana guru jaman mangkin | mêjang pra sahabat | jroning pati lir wong ngimpi | manggih gumlaring bawana ||
49. Sun wruh manèh ana wong wrêda sung 'ilmi | marang para siswa | jroning pati sêpa sêpi | nora ana apa-apa ||
--- 31 ---
50. Rasane lir wong nendra kang nora ngimpi | yeka guru murtat | sasat wong kapir Yahudi | yeku guru kênèng sibat ||
18. Mutakate bangsa Srani
51. Sun wus manjing dadya muridnya wong Srani | Kristên gama 'Isa | ingsun sinung kitab Injil | saha winulang sahadat ||
52. Sabên dina Ahad sun kinèn ngabêkti | manjing marang greja | Guru maca kitab Injil | kang wus tinêmbungkên Jawa ||
53. Lakuning wong Kristên nêmbah mring Hyang Widdhi | tanpa angon masa | sawayah-wayahnya dadi | dene kang pasthi linakyan ||
54. Yèn rêp turu masrahakên pati urip | gregah tangi nendra | uripnya dèn suwun malih | ngaturake panarima ||
55. Panutane sagung wong kang bangsa Srani | Kangjêng Nabi 'Isa | kang saiki maksih nganti | nèng luhur langit kasapta ||
56. Mutakate wong Kristên sajroning pati | ngaku putra Allah | sabab panutane Nabi | 'Isa putrane Pangeran ||
57. Yèn wus manjing gama Srani olèh buslit | ing Tuwan Pandhita | Guru kang gêdhe pribadi | sarta nganggo sinung aran ||
58. Jêjuluknya têmbung kawining Yahudi | marma kèh wong Jawa | kang kabujuk ing Asrani | watara wus wong rong lêksa ||
59. Sabab kitab Injil tinêmbungkên Jawi | ukaraning sastra | luwih mulya luwih apik | bisa anarik wong Jawa ||
60. Bangsa bodho laju katut atut wuri | manjing gama 'Isa | dene sajroningsun ngaji | sun-lanji lan dalil Kuran ||
61. Katrangane mutakate bangsa Srani | mung mandhêg tarekat | ma'rifat bae tan uning | marma lamun tinakonan ||
62. Hakekate kawruh 'Arab kawruh Srani | sasar-susur nlasar | mbalasar dêdalan silib | têtêp wong atine kalap ||
9. Asmaradana
1. Wong Jawa agama Srani | pangakune wong mutihan | putih mulus klakuwane | kang têmbe munggah suwarga | sabab putraning Allah | gênining naraka takut | wêdi mring bangsa Nasara ||
--- 32 ---
19. 'Ilmu sawênèhing wêjangan[37]
2. Akèh nggoningsun angambil | kawruhnya bangsa Nasara | tan kacrita anèng kene | Dupi ing alama-lama | tambuh kuwuring cipta | paran baya sun amangguh | kadi Said Surabaya ||
3. Sumêdya sun-gawe saksi | kamuksane Hyang Jiwata | kang pasthi bakal kalakon | dhaup ingkang pêpacangan | rumakêt puput uswa | sabên ana warta guru | maksih sun-udi sun-plala ||
4. Rèh arda pamungsêng-mami | nulyantuk manèh wong tuwa | ingsun winulang 'ilmune | mangkana wêjanganira | ora ana Pangeran | anging Allah kang dumunung | nèng sajroning taranggana ||
5. Lintang johar dèn arani | gêbyaring paningalira | yèn kita maot ing têmbe | bisa nggawa raganingwang | mumbul mring antariksa | mawor lintang kang kadulu | kang dèn sênêngi tyasira ||
20. 'Ilmu sawênèhing wêjangan manèh
6. Nulya sun nggêguru malih | winruhkên dununging angga | usus ran sagara rante | ula-ula ran sagara | tanpa têpi wastanya | jêjantung-kita kasêbut | winastanan masjid Mêkah ||
7. De wot sirata'lmustakim | dumunung sêntil-manira | ja makjuja lidhahingong | langit pitu luhur cêthak | grana gunung tursina | bathuk aran lokhil-makful | mbun-mbunan bait-al-mukaddas ||
8. Jro utêk tanaju'ltarki | bait-al-makmur pancadriya | de Pangran Dipati Anom | iku angên-angên-kita | mungguh wujud Sang Nata | napas kang ana jro jantung | angên-angên nèng plarapan ||
9. Akèh-akèh dènnya mirid | pangroncene pira-pira | wicarane kabèh bohong | sulaya lan dalil Kuran | nora yogya katulad |
--- 33 ---
Nulya sun malih angangsu | guru Ratu Pinandhita ||
21. 'Ilmu wêjangane sawijining Ratu Pinandhita[38]
10. Samana wus olèh margi | sun atur wragad 'adatnya | nganti rolas ringgit kèhe | kinarya wujud Rasulan | mori pitung saptangan | enggaling carita ingsun | malêm Jumungah winêjang ||
11. Amabukuh nguswèng siti | silasta mangapurancang | munggèng sadalêm panêpèn | pêpak pra saksi sahabat | Ki Guru sigra têdhak | Jumênêng nèng ngarsanipun | sigra ngubêngake asta ||
12. Sarwi angandika uwis | bocah iku tampanana | pituturku amung kuwe | lah uwis kêpungên padha | sidêkah[39] Arasulan | yèn wus rampung sira-kêpung | tumuli padha muliha ||
13. Sawusnya dhahar kêndhuri | gyèngsun mulih mring pondhokan | para saksi atêtakon | ingsun ngaku durung tampa | sadaya wèh sasmita | samana sun wus manyakup | katêrangane wêjangan ||
14. Kang mangkana iku yakin | wangwung dèn anggêp Pangeran | kang mênuhi jagad kabèh | bumi kasa durung ana | mung iku kang wus kantha | mangkono sajroning kangkung | bumbung suwung wuluh wungwang ||
15. Kita têmbe dadi siji | wor kang mênuhi bawana | kulit daging-kita têmbe | subrastha dadya bantala | mulih asale kuna | dupi sun kabèh wus nyakup | gyèngsun pamit mulih lunga ||
22. Tuwan Said nguntapake marang Kanjan-mahpiyan
16. Dupi sun wus bisa ngaji | umiyat mring dalil Kuran | kagyat wruh dalil unine | anta mutu kabla muta | têgêse kang mangkana | padha matiya sirèku | ing sadurunging pralaya ||
17. Gyèngsun bali ngetan malih | marang tanah Surabaya | hyun tannya mring guruningong | Said 'Abdu'llah Almaskat | tan kawarna ing marga | praptèng Surabaya cundhuk | byantarane Sang Mardika ||
18. Kagyat nambrama mring mami | matur nuwun nilakrama | sun manuhara wot sinom | Tuwan Said atêtannya | hèh thole paran sêja | sawang sêmu ana prêlu | gya ingsun matur prasaja ||
--- 34 ---
19. Kang rumuhun sampun lami | kawula botên pralabda | mangkya sowan tyas kawêkèn | tiarda emut jro nala | awit ulun maaksa | dalil Kuran ungêlipun | anta mutu kabla muta ||
20. Tuwan Said amangsuli | ingsun nguni wus sajarwa | marang sira sayêktine | wong ngalap kawruh pralaya | sayogya maguruwa | marang wong kang tau layu | kêna dèn anggêp sanyata ||
21. Têgêse kang wuwus iki | thole sira nggêguruwa | iya mring gurumu dhewe | kang kok-turut sabên dina | barang parentahira | sabab rèh mobah-molahmu | ngatas guru parentahnya ||
22. Yeku guru kang sajati | angên-angên kang wus pana | tau anglakoni maot | lah ing kana tamtunira | sira bakal pracaya | sabab Ki Guru wus wêruh | panggonane makam baka ||
23. Yèn sira durung umèksi | sajroning Kanjan-mahpiyan | ingsun ingkang nguntapake | nanging absahnya sayogya | sira kudu sadhiya | surtanah tumêka nyèwu | apa 'adatnya wong Jawa ||
24. Cêkaking lêlakon nuli | sun-têtêpi pirantinya | watra nêm dina lamine | praptèng malêm kang minulya | nuju tranging purnama | mêtu anèng ngisor jêruk | pojok bata kidul-wetan ||
25. Kang dadi saksi wong kalih | sun katutup mori seta | sarta saksi kanca loro | sanadyan Ki Guru uga | manjing jro gya jêjarwa | purwaning jalma tumuwuh | lan wêkasaning antaka ||
26. Trangginas dèn laksanani | mugut yitmaka-manira | brastha Hyang Atma nyatane | sinidi budayèng gêsang | sakala wus pralaya | srana uninong ananung | kadyangganing krêndha sawa ||
27. Yayah gusthika kaèksi | pulastha datanpa sesa | sêpsining jiwangga êntèk | sirna tanpa kara-kara | krana cupêt Hyang Atma | liyêb-liyêb angalangut | pamêjangnya Sang Mardika ||
28. Kaninditan mantrastuti | kadewan carêm Hyang Endra | ring Tejamaya karaton | 'Arabnya Kanjan-mahpiyan | tan kantha datan warna | nora kênya nora kakung | nora kadya wong anendra ||
29. Datan kadi wong angimpi | wus luluh lêbdaning kantha | wus layu khayifu lire | tan kêna kinaya ngapa | alkaju baitu'llah | yeka sajatine mutu | uninong aning ununang ||
--- 35 ---
30. Sirna abang seta langking | kuning tanpa iki ika | Dzat Hyang Suksma nuksmèng kothong | jroning sunya nuksma ana | anane tambuh rupa | nglangut tan kêna ginayuh | tan kêna kinira-kira ||
31. Antuk sa-ari sa-ratri | rêjasèngsun Mau'lkhayat | Tirta-nirmaya Jawane | têmbungnya Kawi Macapat | de Kawi Sangsêkrita | karan Tirta Kamandhanu | pêpingitaning wong Buddha ||
32. Marmane kita umèksi | mikrat sawêngi sadina | sabab wruhku jagad kene | wayah pukul Papat awan | gregah gya sêsalaman | kala samana Guruku | jêjarwa uning ununang ||
33. Carita ingkang linuwih | surasaning dalil Kuran | ingsun bingung praptèng mangke | durung olèh katêrangan | carita nglangut nglamat | nglamat nyamat nyamut-nyamut | dènnya mahyakkên sasmita ||
34. Ari doningsun nglakoni | wiwit ratri jam Sakawan | ing dina Jumungah Wage | tanggal kaping Caturwêlas | Shafar Be Sinangkalan | lawang trus pandhita ratu |[40][41] ing nagari Surabaya ||
Tamating panulis
35. Titi pangikêting tulis | ing Bangka Hulu kaping Pat | -bêlas Sura ing wulane | anuju ri malêm Buddha |[42] kirang têrang rangkêpnya | sabab ing nagari Mlayu | tan kaprah mawi rangkêpan ||[43]
1 | samêngkone. (kembali) |
2 | § (1819). (Bênêre titi-masa: Wayah jam siji awan, ing dina Ahad Kliwon, tanggal kaping Rolas, sasi Muharram, taun Alip 1819, utawa Surya kaping 8 Sèptèmbêr 1889). (kembali) |
3 | Tanggal: Ahad Pon (Ngahad Pon) Sawêlas (11) [Muharram] (Sura) Alip: nawa raja asthaning rat (AJ 1819). Tanggal Masehi: Sabtu 7 September 1889. Pada tahun AJ 1819 bulan Sura, tanggal 12 jatuh pada Ngahad Kliwon dan bukan Ngahad Pon. Sesuai dengan usulan Tanaya dalam catatan tersebut, mungkin tanggal yang dimaksud adalah Ngahad Kliwon 12 Sura Alip AJ 1819 (Minggu 8 September 1889). (kembali) |
4 | Dibaca: Betal-muharram. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: mangkana wêjanganipun. (kembali) |
6 | ala. (kembali) |
7 | akrasa. (kembali) |
8 | dene. (kembali) |
9 | rêkta. (kembali) |
10 | Dibaca: betal-makmur (dan di tempat lain). (kembali) |
11 | sun. (kembali) |
12 | Dibaca: betal-mukaddas (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | Dibaca: Sui. (kembali) |
14 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-5 bait sebelumnya. (kembali) |
15 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-6 bait sebelumnya. (kembali) |
16 | Dibaca: Alip (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-2 bait berikut. (kembali) |
18 | Adêdunung. (kembali) |
19 | supadosipun. (kembali) |
20 | sutikna. (kembali) |
21 | Kurang satu suku kata: Guru ponang sutikna. (kembali) |
22 | dèn. (kembali) |
23 | pupuh. (kembali) |
24 | mèksi. (kembali) |
25 | windonan. (kembali) |
26 | silasta. (kembali) |
27 | Kurang dua suku kata: mahya manjing melik pamrih. (kembali) |
28 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-4 bait sebelumnya. (kembali) |
29 | wrêdha (dan di tempat lain). (kembali) |
30 | mandhêg. (kembali) |
31 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-1 bait berikut. (kembali) |
32 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-4 bait sebelumnya. (kembali) |
33 | Kurang dua suku kata: Manjing mring badan tartamtu. (kembali) |
34 | bali. (kembali) |
35 | mrene. (kembali) |
36 | Dibaca: alif. (kembali) |
37 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-3 bait berikut. (kembali) |
38 | Subjudul ini muncul setelah gatra ke-5 bait sebelumnya. (kembali) |
39 | sidhêkah. (kembali) |
40 | § (1799 - Bênêre wis taun Jawa, angka 1800 - Masèhi 5 Mei 1871). (kembali) |
41 | Tanggal: Jumungah Wage Caturwêlas (14) Shafar (Sapar) Be: lawang trus pandhita ratu (AJ 1799). Tahun AJ 1799 jatuh pada tahun Dal dan bukan Be. Menurut Tanaya tahun yang bener adalah AJ 1800, maka Jumungah Wage 14 Sapar Be AJ 1800 (Jumat 5 Mei 1871). (kembali) |
42 | Tanggal: Buddha (Rêbo) Patbêlas (14) Sura [Alip: AJ 1819]. Tanggal Masehi: Selasa 10 September 1889. Perbedaan satu hari (Selasa versus Rêbo) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Menurut Tanaya tanggal yang benar adalah Rêbo Pon 15 Sura Alip AJ 1819 (Rabu 11 September 1889). (kembali) |
43 | § (Bênêre ganêping titi-masa: Ing dina malêm Rêbo Pon, tanggal kaping Limalas, sasi Sura, taun Alip 1819, utawa Surya kaping 11 September 1889). (kembali) |