Wulang Hamêngkubuwana I, British Library (Add MS 12337), c. 1812, #1015
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Wulang Hamêngkubuwana I[1]
--- [f. 1v] ---
1. Puh Dhangdhanggula
1. kocap wulangira Sri Bupati | Sinuhun Syarga Ngayogyakarta | dhumatêng putra wayahe | prituwin mring wadya gung | suprih samya manggih priyogi | pranataning sumewa | ngabdi marang ratu | wong ngawula nora gampang | alin-alin kalilin mungguhing gusti | dèn wruh ing subasita ||
2. syarga [syar...]
--- [f. 2r] ---
[...ga] nraka marga saking gusti | gustinira asih maring sira | yogya walêsên ing gawe | rumêksa sakuwatmu | barang kang kawuryan kaèksi | kang mêncorong gumêbyar | warnane kang mêngku | yèn kawuron nêmu papa | wong dursila cuwa pêngandêling gusti | sisip nêmu palastra ||
3. mayangkara rinêngga ing kêlir | nonora [no...]
--- [f. 2v] ---
[...]
--- [f. 3r] ---
[...nora] pêcat ngastane ki dhalang |[2] nyawa darma molah bae | awlasa mring gustimu | barang rêntêng susahing galih | asih mring mêmanisnya | wêdi dukanipun | gusti dudu sapêpadha | kang gumati barang pakarêman gusti | kang gadug dèn upaya ||
4. mantêp têmên dhasarana eling | sarta tabri pangrêngya paningal | iku guru khak jatine | aja lali ing dhapur | dhapur karsa sang adi gusti | anggêr parentah wuntat | dyan sih karsa nuju | kawula upama lesan | tamarastra jêmparing lungid nibani | iku sihing bêndara ||
5. yèn tinitah kêpala prajurit | dèn pariksa titi lawan tata | gumati ing pêkakase | kănca iku sadulur | kancuhane nglakoni kardi | mati urip tan pisah | dulur siyang dalu | badan siji kuwat pira | dèn supraha[3] kănca gon durgamèng wèsthi | satru yyan tan sêncaya ||
6. mangran wêdana pêngarêp yêkti | ing pangucap rêngganing pasuryan | badan sakojur kancane | nadyan wêdana bagus | lindri-lindri naya bêk manis | yèn thekor sikil tangan | ana cacadipun | dèn luhur kêncêng parentah | angya kontap sarate wong arêp mandi | dhèwèke nglakonana ||
7. nora angèl kănca mêsthi wêdi | tumêpa-têpa maring kêpala | dèn mlasih nitipake |[4] mring kănca jiwanipun | lamun ana kang ngungsi adil | aja [a...]
--- [f. 3v] ---
[...ja] sira lêlawas | susah atènipun | wong dadi kêpala pêrang | gulang-gulang anggêlung rekaning jurit | prawira jayèng rana ||
8. lawan aja angrimpili melik | meliking kănca wani mring sira | iku pênacadan gêdhe | miwah lamun tinuduh | ngêbayani rumêksèng picis | kadi garwa kawitan | rumêksa rumêngkuh | sayogyane muwuhana | wêkêl têmên susah kalonge kang picis | iku lir dyah utama ||
9. lan aja rêp dèn ambah kang têpis | wiring dening durjana sêsaba | wêruha lunga têkane | wong kawoworan pandung | gung mêmala malane maling | kidang kari alasnya | gurahên dèn kabur | tumrap băndha bandhanana | aja ngowêl buwang arta luru maling | iku rêgêding badan ||
10. malu-mala byuh abyat bilai | miwah cobaning sila nêgara | saking cidra pangulahe | jagaa jayèng kewuh | aja si mênêng angucing |[5] dèn wani lara mata | yitnane lumintu | sumêbara ing parentah | langlang baya yèn gusti pêtêng kang galih | sira dhewe kang tiwas ||
11. palaning wong urip angatyati | duwe badan aja siya-siya | tiba sakênggon-ênggone | lan yèn ana pitutur | tan sumêrêp kalayan [kalaya...]
--- [f. 4r] ---
[...n] batin | yyan kêtragal kêplanggrang | barang tekad tanggung | tanggêl mogol tuduh mangkak | wuryaningrat tan kêna nênanggung pikir | antara kêtiwasan ||
12. bisa bisèng anam anutagi | nanggung ngaras wong guna prasoma | nadyan prang kalah yudane | gêguru nora kabul | dagang tanèn tuna tan bathi | sênadyan wong ngawula | tanggung nora suhud | sêsêwitan lincak-lincak | barang tingkah upama karya kulambi | badane kang tinêpa ||
13. sêdya mangkring ing gusti kuwalik | tan wruh pinutungan dening weya | anganggo karêpe dhewe | tan wruh pamurungipun | tan kêtali nalika ing sih | angyya ta tuna liwat | yya mêtarèng sêmu | pan sèwi wahyaning cipta | adoh parêk sihên atêmbang kalingling | anglindhung ing sasmita ||
14. kang utama tansah ulah ing sih | kadya rêbab calêmpung lan syara | saingrêre aja kosèk | solah sêrêpe patut | angyya lali anuting suling | mangkana ing sasmita | ênggène andulu | yèn adoh lawan sih têmbang | yèn aparêk yitna awêkasing wèsthi | dhatêng ing panêngrêran ||
15. yèn kumilat sih dèn ngati-ati | pangandêle pinalih dêduga | tingtingkahing [ting...]
--- [f. 4v] ---
[...tingkahing] sih kapindhone |[6] angyya amiwal kayun | kang sinihan yitna tan lali | sakarsaning bêndara | dèn anunggal kayun | pamurunge sih pêrcaya | yèn gumampang amumpang kêrsaning gusti | iku lamat dêdilat ||
16. pambegalan wong suwitèng gusti | lalèn kêsèd lêngus tur melikan | maskitiya sabèbète | nadyan guna sagunung | piturunan punggawa lami | tan wurung lawas-luwas | isin dipun lungsur | bêndarane pinurikan | kêleweran anglêboni laku nêsthip | nuli barang pariman ||
17. nisthaning wong watak mera-mèri | gustine pinardi măngsa kêna | anuruta ing dhèwèkne | mundhak cêcerong angus | nora kandêl dipun titèni | èpèh ati sêrakah | angèl dadi sêpuh | yèn ana wong kaplêksana | nadyan sanak aja wani angenaki | cilakane gumantya ||
18. lan aja sira angisin-isin | wong dêdosan jênêng wong lah maha | kênèng panêrka binanggèl | ingkang langgêng piyangkuh | angyya kontap samaning linggih | ngatokkên sih ing radya | sapalir gustiku | iku sêtya panarima | gusti tuman kolur pitajêng ing galih | sarta tabêrènira ||
19. lan aja lupa tibaning kang sih | wit sang radya pracaya ing sira | apa pênggawemu wite | iku jalaran wahyu | yèn kepyana [ke...]
--- [f. 5r] ---
[...pyana] amêlarati | lali witing sumêngka | langguk tingal bawur | gumunggung ngêgungkên awak | kadi taru brêra tan kênèng ngaubi | carang godhongnya ragas ||
20. tan dumèh karya tama lan nisthip | pilih marga kauntunganira | nadyan karya ngêdhok nopèng | kanugrahan Yyang Agung | wajib lamun tinagitaki | sayogya wuwuhana | suka sih sang ulun | akèh potangmu ngawula | nora bodho gusti pênyaure pijir | yya kêndhat mamrih potang ||
21. yèn wis mangsud sumungkêm angabdi | myang gustimu prawira syarjana | dèn tangginas sakarsane | nadyan kinèn angambung | ing pipining naga dèn aglis | ambungên têmah lina | saiding Yyang Agung | wong was-was pênggawe setan | ulat sirung isin-isin lir prihatin | tamtu ngêdohi bêgja ||
22. gampang angèl wêwatêkan gusti | yèn nujyangèl lumuh kacêgatan | sapa udur bênêr pethot | dadi mung netya luruh | nyipta angganirèng surati | wigya[7] lipuring duka | yèn gampang sih nuju | kêna pinalar tur lama | akèh enak nora kaya wong olèh sih | kèringan ing sêsama ||
23. wong kasèp munafèk tuduh bêcik | tanpa ngrasa nuli kêsarakat [kêsara...]
--- [f. 5v] ---
[...kat] | muring-muring Pangerane | nora ina Yyang Agung | padha sinung tangan lan sikil | ati kuping lan mata | wong ingkang linuhung | atas gêgawane padha | manglah-manglah gusti Alah dèn putungi | iku satruning jagat ||
24. badan iku kaya jarit putih | kênèng rêgêd tumulya ginirah | wong salah lan apuntêne | wali-wali nêlutuh | nora pulih tigasing nguni | upama panjang pêcah | kopyah wus ngêlumpruk | winalik dadi tarumpah | raga iku aja kawongan jêjarit | ngrêksa sucining badan ||
25. têlung prakara cacading urip | dhingin wani narajang supata | nyang walêre wong tuwane | pindho justak pamuwus | angendrani prasêtya yêkti | iku dudu wong cidra | jangkêpnya têtêlu | wong datan wruh kapênêdan | ing sêsama prituwin mungguhing gusti | wong yomani cadhangnya ||
26. cilakane wong urip puniki | ninggal bobot samurwating awak | mung mrih gêdhene taine | jênêng wong tan wrin ngukur | sugih utang amêlarati | maring anak putunya | ala sirnanipun | anak putune turida | papa nistha saking polahing
--- [f. 6r] ---
ing sudarmi |[8] wong urip tanpa ngrasa ||
27. têgêse wong baurêksèng gusti | bau kuwat pangrèh kering kanan | sumêkta mamrih tartibe | bau lêlêngên iku | datan kêna binuhkên kardi | yèn tan paningalira | lan tyas trus lumaku | nora patitis rumêksa | gagap gugup tangane dèn uring-uring | yèn kinêthok alara ||
2. Punika uran-uran sêkar Sinom
1. lumayar byating tyas mala | gusti sêkaring pangèsti | pangeja rasaning driya | saking parentah bok ramping | rawat-rawat asungil | alêngkara tuwas nglayung | tanpa don budi dama | sapa kang uningèng dasih | lir pratima rinungngrum sapa nêrima ||
2. sasi mangayom mangilyan | pyuh kilayu têmah tangis | meganira wèting onang | mangkin ing tyas masukêti | laraping kanang thathit | tilar maya syaning mêncung | gêtêr măndra tan sora | kèsthi pamuktining rêsmi | tanpa turyya gêguling dinusan ngyaspa [ngya...]
--- [f. 6v] ---
[...spa] ||
3. sêdalu mudrawèng cipta | ketang laraning makingkin | gusti mas narindrasmara | saripurba-purba luwih | jêtmika ngrêsêp ati | dumêling titaning ayu | ya mêdên nora cacad | ngêndi gyaning sun ngulati | anglir dika kusuma agawe lara ||
4. baya gyan mêmuja brăngta | maring sudarmane dhimin | tejaning rêtna mêndaya | pinuji dadi bêbayi | kilang drawa hèr wangi | kêsturyan bar jênu marbuk | ingkang sinidikara | tandya wigya amalatsih | gêbyar-gêbyar kèngsrêring pênding wèh sêmang ||
3. Punika uran-uran sêkar Mijil
1. paningrat sang dyah kacipta luwih | ginurit dening wong | munggèng basa pêrlambang polahe | titir sinukmèng basa lêlungid | mengas suradadi | kucêm apagut rum ||
2. mrêngêsing lathi wuryaning sisig | putri lalok-lalok | nukmèng gambar kumala citrane | ayu trus tuju anujyèng ati | èsêmira gusti | pait gula batu ||
--- [f. 7r] ---
4. Punika uran-uran sêkar Dhadhanggula[9]
1. sang kusuma rêsmining dyah kadi | putrandênta sinayèng mas ngrêtna | rinêksa bujăngga rajèng | dirgagiri gumulung | wus darmane gusti kang abdi | pininta saking cipta | sihing Yyang kawêngku | tinumbas sutapèng rana | nora larang manikmayaning rum sari | rungih-rungih wilêtan ||
2. nawang kirana purnama sidi | nara sidyèng grana malicrêma | ngri tanjang mêmêt nakane | mêmês kasar biludru | imba guru daya tumiling | rênggèng buka sri rêtna | idêpe adêkung | baya gèn mêmuja brăngta | ing bapakne ajampyani sêdhih kingkin | têtumbaling ayuda ||
5. Punika uran-uran sêkar Asmaradana
1. sumusup kulunging ati | ya mulêt wiraga cipta | tan lyan ketang myang katongton | kang ati muksya murcita | adhuh sira katuyyan | mangamun-amun durung wruh | sintên kang pinujakrama ||
2. wong ayu kang mindha sasi |
--- [f. 7v] ---
wênah[10] wèh lara kasmala | baya ta luwih rasane | wênah mong suka kawiryan | kawulat jron supêna | manglayadi kawlasayun | pangeran kawulakêna ||
3. rumakêt akunên dasih | wulucumbu timur mila | tan gumiwang sakarsane | angantya pêpujan rêtna | rêtna kêmbar ing jaja | têtunggul sêlagèng tanjung | kawêngan jingga mas raya ||
4. pan nêdya ruming panitis | linamuk ing wida jênar | ya mêmêt pêngarasane | sumyar mantraning hèr mawar | luwih kêna kataman | ingkang kagêbêng wastra lus | parangarja paringêna ||
5. nang-onang pratignya mami | pinta rêdya dinulura | ngawula dewaning sinom | ing panêdya nora ginggang | têmah sukua dhadha | nadyan têtêkên ajanggut | kumurêb ngabahan dika ||
6. ing siyang pantara latri | kawula gusti sandika | sakêdhap netra yyan mingo | suka pinarjaèng naka | kurang rêngganing gita | atur marmadu pangungrum | malatsih jroning paprêman ||
7. gusti dhêndhanên ing pati | wong cidra lirwa tan pandak | têtêp dosane binêndon | nora labuh ing asmaran- | ira risang
--- [f. 8r] ---
dewatya | kukungên[11] ing têpas wangun | ganjarên ing èsêmira ||
8. kapusthi lêngkaning jasmi | bêndara mung jêngandika | mahaprabuning asinom | wong amêmbat mêntal-mêntal | sanggyèng srira lus maya | mêmêse kasar biludru | sêmune sumèh pêsaja ||
9. karênggan manising galih | sumuk tambasing netyarja | ayun trus nujyèng pasêmon | yèn duka măngsa dangua | lêjar manising guyya | gênjoting alis wèh limut | maskyari muhung andika ||
10. kapusthi ing siyang latri | angaptya kanugrahanta | lara arip myang aluwe | nora gêlah ing panyipta | sadyan jroning antaka | ngenggani wrating pangutus | nyaosi sakarsa pada ||
11. têmah apatala rèhning | amor kisma gni tan gawang | ngawu-awu sarirane | prasêtya tan kaprêcaya | nora na kang narima | ujar tan kêpadhan kayun | kapan ngong suwitèng dika ||
12. mênggêp sinjang cindhe wilis | asamir jingga masraya | alam kari rasukane | natar seta pinrêrada | wênês pamulu kadya | hèr musim jênar mantra lus | tuhu ratuning dyah tama ||
--- [f. 8v] ---
6. Punika uran-uran sêkar Dhangdhanggula
1. sukmèngkara pangrêsmaning ati | prihan[12] mung gusti paraning cipta | gusti êmas kaya priye | sintên pinalar ing kung | tan lyan sang pinuji kamini | jampyanana tyas mala | mêng sang kadi juruh | sun pinta ring Sukma Purba | panggihêna ning dyah kang ngrêncana ati | wlasa kujanasmara ||
2. lalu laraning mayun bok rungih | linawad larasmara kung rimang | dasih ta tanbuh akale | lir nusup jurang linglung | pringgabaya drigama wêrit | napak arga bisana | anggèr idhêp ingsun | saking tumitah sor dama | luh ngong mandrês tumonên panangis mami | dhuh anggèr gusti êmas ||
3. sêkar lumbu cangcala kêpati | rêntênging tyas lir karugan wiyat [wi...]
--- [f. 9r] ---
[...yat] | sruning brăngta saya ngame | pan durung wanuh tuwuk | sapandulyan mangunêng kingkin | brăngta kadya kinuncang | mungu-mungu wuyung | lir antaka mong turida | dadya mujung tanpa mardunatmèng ati | karanryan sang kusuma ||
7. Punika uran-uran prêlambang sêkar Dhangdhanggêndhis
1. salokane wong urip puniki | kêdhik cukup sinung akèh kurang | tuhu tan ana warêge | èstri salokanipun | tirta sudha sêgara gêni | bahni ing sudha wrêksa | puspa wigunèku | antya wiluwih lineka | tirta banyu sêgara wus angarani | tan warêg dening toya ||
2. bahning tan warêg dening kayyaking | puspa pandhita guna kawignyan | wiluwih tirtan adoh |[13] wus dening pandhita gung | datan ana warêge ngèlmi | mangkana ing wanita | tan warêg ing kakung | kakung tan warêg dening dyah | wong sujana tan kênyang
--- [f. 9v] ---
lambang kêkawin | anggêlung kridaningrat ||
8. Punika uran-uran sêkar Kinanthi
1. pinta rêdyaning kaswayun | sintên pinalar lyan sangking | gusti mas nalendra putra | asung kawiryan ing dasih | yèn tan tulus sih panduka | gêsang kinêkês ing brangti ||
2. paraning cipta rum-arum | sira purba-purba luwih | wong ayu wasis ing karya | karênggan manising galih | sumuk tambasing netyarja | ingkang pantês sun ngèngèri ||
3. murcita brăngta mangun kung | kilating sihing pangliring | nir kasmalaning tyas kadya | sinungsung maniking urip | mangkya dinulur ngawula | tan gumiwang ingkang abdi ||
--- [f. 10r] ---
9. Punika uran-uran sêkar Mêgatruh
1. murtining dyah prabu prabaning nawang rum | ginarêbêg para putri | tan patya nganggya gobêk smu | asinjang gringsing lunging sih | asmu lusuh kagêm pindho ||
2. liyo-liyo sêmêkan lugas antanu | mulêk amrêjayèng ati | pragnya sasolahe luhur | nujyèng tyase samanising | lindri-lindrining pasêmon ||
3. lèrèh-lirih têbihing netya kang rêngu | nugrahaning jahar suji | niscaya wulan pagut rum | ruming wêdana sang dèwi | dewaning wong ayu babo ||
10. Punika uran-uran sêkar Pangkur
1. sagung ingkang para garwa | warna-warna langên sêmuning warni | sun kêkêmbange wong ayu | nukmèng kêmbang kêsumba | danar-danar kuninge angêmu santun | kêmbang pare wong alancar | dhangah-dhangah milangoni [mi...]
--- [f. 10v] ---
[...langoni] ||
2. ngrêjasèng kêmbang tirisan | wong prak ati măngga tohana pati | sêmune alêngud-lêngud | Sêkartaji bêndara | wong aramping mêthingthing nyênthing sarya lus | manrangi cipta sungkawa | ngrênggani lêngkaning ati ||
3. kêmbang gadhung wong agandhang | lêngkung-lêngkung mulêt pangrêsmaning sih | myang pêngawak kêmbang mênur | wigyan[14] ningsêti trêsna | kêmbang gambir angunggar manahing kakung | kêmbang sulastri jêtmika | susila bisa ngladèni ||
4. ngrêjasèng èrgulo seta | sumêr-sumêr sêmune mambu ati | lir gandaning kêmbang tanjung | nunjung sênênging manah | kêmbang tokèng tumêkèng mrêdusyèng marbuk | kêmbang cêpiring kusuma | mêlok-mêlok daut ati ||
--- [f. 11r] ---
11. Punika uran-uran sêkar Durma
1. nêmbang durma têngara bubaring wadya | ngêndhêng ngêndhanu kadi | giri gara-gara | munggut pangrasing kuda | anglir wrêdu wêding warih | rimêng gêgana | lir wanguning jahnawi ||
2. lindhung awor bobagra gumiwangkara | wilêtan rindik-rindik | matanjrak lumimbak | luning sang yyang mandaya | manglanjak manêmpuh tawing | thithit wor laban | dirèng nagindra lari ||
3. kerut mirut panêngran ngirid maruta | giri mahindra sari | myang puspa ngudyana | rumêmbe ngungang tirta | kumêdhap anglaras ati | sumbaga rêtna | wira rasika wrêsni ||
4. sang prawara gurnita ngumbar sêntika | lir ngayunkên dyah luwih | mangidung magirang | sêndhon mabrăngta wangwang | kasêktèn lyan tan kaèksi | para widigdya | antya suraning galih ||
--- [f. 11v] ---
12. Punika uran-uran sêkar Pucung
1. angrêgani saliring karya wong ayu | sagraning lukita | sidik sandi sang kakunge |[15] kang amurwa anglir manggih indraloka ||
13. Punika uran-uran sêkar Maskumambang
1. narpaputra ri sêdhêngira apamit | dhumatêng kang garwa | [...]ntuna[16] wong akuning |[17] kusuma adi kang murlya ||
2. aja brăngta kawulane no[...][18] lami |[19] nglampahi ayahan | rama jêngandika gusti | amrêp satru ingkang prapta ||
--- [f. 12r] ---
14. Punika uran-uran sêkar Girisa
1. dhasar dyah ayu utama | sampurna sandining priya | kaduk bêsus polahira | sumuk manising wêdana | lir wulan kapit sudama | akarya kirdaning priya | midêr ing rat tanpa sama | lir pendah Dèwi Supraba ||
--- [f. 12v] ---
15. Sêkar Sinom
1. midêra sèwu nêgara | măngsa antuka kêkalih | ingkang kaya dika mirah | wêdona anawang sasi | bathuk nila cêndhani | mecis wutah sinomipun | alis angroning imba | idêpe tumênggèng[20] ngrawit | remanira andhan-andhan ăndrawela ||
2. kang netra jait angraras | pipine durèn sajuring | lathinya manggis karêngat | grana ngrungih amantêsi | athi-athi kudhuping turi |[21] uwangira sangkal putung | tênggêknya ngêlunging jăngga |[22] jaja wijang amantêsi | lir nyudênta pêmbayun sumagèng sêkar ||
3. pêmbayune sang kusuma | anglir pendah cêngkir gadhing | kabêbêd ing kêmbên jingga | mênthêk-mênthêk angedani | bau golèk aramping | anggandhewa astanipun | têngahe kaya putunga |[23] jêriji pucuking êri | kênakane apanjang tuhu angraras ||
4. wêwangkong pêpêd kumêtan | wêntise
--- [f. 13r] ---
pudhak sêsili | dêlamakan anggamparan | pêpêd sumbêr tulisnèki | wêtarane pawèstri | alayak pêjah salulut | yèn cinăndra ingkang warna |[24] kurang papan luwih tulis | ngulatana sêtaun măngsa antuka ||
5. lêbura dèn kadya kisma | dadia siti lan warih | kawula măngsa ulapa | tumêkaa lara pati | amung dika kaèsthi | kang dadi brangtaning wuyung | manise liringira | kang dadi têtămba brangti | amung dika kang dadi lara wigêna ||
6. benjang kula mari brăngta | yèn wontên agrawong malih | yèn ana grahana lintang | wulan kêmbar tibèng siti | jong layaring ardi |[25] yèn ana teja lumêngkung | pêdhati ngambah sêgara |[26] yèn tan kaluwèh ing dami | botên krama yèn ora panggih lan sira ||
7. jajah gunung milang desa | sing nêgara sun lêbêti | mangetane Bêlambangan | mangulon [mangulo...]
--- [f. 13v] ---
[...n] takêr Bêtawi | kawula tan amanggih | ingkang kaya dika maskun | andulu wêrnanira | pira laraning wong mati | sok mondhonga biyadane wong Mêtaram ||
8. yam-yam tilam prajiwatan | wong kuning sêkar balimbing | maya-maya yèn sinăngga | wong antêng jait amanis | mirah intên widure |[27] yèn lumawah[28] gandrung mangu | lembehan karakan kontal |[29] sumbilang kang taji kalih | lêlewane kaya ondhèl Kêrtasura ||
9. wong kuning pêngawak dara | sun padhong sarya ngêladèni |[30] sumèntêg ana ing jaja | arongèh lamun dèn liling | sarwi nanumpingi |[31] mêlathi mêkar ing gêlung | campur bawur kênonga | gagubahan surèngpati | ingkang ngago[32] biyadane wong Sêmarang ||
10. galêpung pulas wêdona | sasulung kang mêdal ejing[33] | sêtaun măngsa lipura | yèn ta dèrèng aliron sih | wilatung miyos mirapi |[34] utang tingal jiwaningsun | toya
--- [f. 14r] ---
bèrdhin awuhan | pêkên agêng ring Mêntawis | tanggung têmên kêpanggiha sapêleredan |[35]|
11. pêrang jaja ring wanodya | susunya kuning rêngganis | satriya tilar nêgara | milane susah kang ati | bator benjo mas yayi | mung dika kang asung lênguk | dadol gula pagênderan |[36] sasumbare wong mukardi | alakia aja lali tuwanira ||
12. laraningsun sangking dika | wong ayu dika jampèni | nora waras ing usada | yèn tan dika kang jampèni | larane ngêranuhi | nora waras ing sasêmbur | nora mulês nora panas |[37] yèn ngêlu dipun pilisi | lara brăngta sapa bisa nambanana ||
13. gong alit ing puwayanyygan | pancalên bojomu gusti | dawêg kumpul ing kawula | juwêt nrèntèng sun wêstani | mung dika sun kêlayoni |[38] roning kacang angêlayung | panu biru mugèng jaja |[39] wong ayu sun tohi pati | jae wona kang ati payang-payingan[40] ||
--- [f. 14v] ---
16. Puh Dhadhanggula[41]
1. sapya miyarsa Indrajit lingnèki |[42] Bibisona tandra mara sira | tur amanah ing pamane | sang aryya ngunus limpung | kang margona têka tinangkis | putung tri sarutama | kaprang tibèng ngayun | mangkana Indrajit angatag |[43] maring bala ngêrubuta aryya jurit | kang ingatag lumêkas ||
2. nulya bala Indrajit winarni | pan dewata mambang cipta jriha | amungsuh wêna rame |[44] marmane ginangrumung[45] | parêng nêrajang suraknya atri |[46] kang kaprih kathah pêjah | Dyan Ingdrajit[47] sampun | munggèng rata manikmaya | angêmbara awor ing jêladha putih | sêkala tan kawuryan ||
3. nênggah[48] Sang Sri Rama atanya aris |[49] mring sang arya hèh ing ngêndi baya | Indrajit iku parane | kang tinanyan umatur | paranipun ing tawang kaèksi |[50] tur ambirat tilas |[51] tosipun iku |[52] marêk dhatêng Sang Rahwona | praya pajar yuda tan abangun malih | apan dènnya [dè...]
--- [f. 15r] ---
[...nnya] kêsayahan |[53]|
4. nêngakêna Sang Indrajit malih | mara seba mring bra ngramanira | prapta saha prakatane | yayah nabromèng wuwus | saha tanya sarening[54] jurit | kang tinanyan apajar | mring katêmênipun | Lêkmana[55] tanpa tandhingan | têlas punang sêntata[56] pitorun adi | tanpa karya kewala ||
5. yaning jêna wang yuda tan pulih | bara-bara têmahipun |[57] leka purnèng raje |[58] Sinta dados marta gung | antukêna lamon tan mulih | pasthi kandhih kang praja | pudharane Prabu | Bibisona ngrèh Ngalêngka | salin taman ingêrèng rat têdhak sangking | panduming Sukmanasa ||
6. Sang Rahwona miyarsya turing Dêrajit |[59] gumuyu kang tutuknya sêdasa | mêtu bujya rong puluhe | lingnya hèh anak ingsun | anom sira wuwusnya pulih | nadyan sih antukêna | Sinta yèn wus pandum | milya ngrusak ing Ngalêngka | măngsa waha pêpasthène kang pinanggih | elarjya sangking Sukma ||
7. alya kacip gawokan [ga...]
--- [f. 15v] ---
[...wokan] kaki |[60] yèn dhatêngan i larantaka |[61] dyan samodho pratingkahe | sakyèhing kang tumuwuh | pêjêh[62] nara lagêng[63] ing bumi | nadyan Rama Lêsmana | tan kuwasa lamun | angrusaka ing sêsama | kewala ta kinarya lantaran sangking | panduming Sukmanasa ||
8. yèku wuruking Yyangira Sang Sri | Bramaraja tumrak ingkang putra | Citrabaha ika turune |[64] mangke têdhakingrèng[65] sun | sêkar ingwang ing sira kaki | lah agêmên dènira | anyane laluhur | anêmbah kang winangsitan | lingnya Sang Rahwona karia kaki |[66] ngong mêtu ing pamedan ||
9. wyang arsa pranga lan Sri Rama tuwin |[67] sabalanya yèn ta wruhanira | nadyan mênanga ing têmbe | wyang tan arsa malih iku |[68] dadi nata anyakrèng bumi | saprandene anak ingwang |[69] kabèh matyèng cucuk | wyang arsa abêgawan |[70] kang sayugya jumênênga prabu benjing | sira mutêra buwona |[71]|
10. yèn wus matê gènira ngulêm-ulêmi kang |[72] dèn udang[73] Ki Tipati[74] [Ti...]
--- [f. 16r] ---
[...pati] Jangnirat | Pêkalongan nêgarane | Kêndhal lan Kaliwungu | Têgal Batang Pramalang prapti | miwah Dipati Sêmarang |[75] Radèn Dêmak rawuh | Kudus Pathi lan Jêpara | Mas Ngabèi Juwani sampun prapti |[76] Pêjangkungan Palèh Rêmbang |[77]|
11. Mas Tumênggung Lasêm sampun prapti | miwah Tuban Sêdayu Lamengan[78] | Garêsik Surabanggine | Tumênggung Bangil nrawuh[79] | Pasêdhahan Purbaligèki[80] | Sumênêp lan Mêkasan | Radèn Sampang rawuh | Panêmbahan Madurêtna | ngirid lampah-lampahe para dipati | aseba dêlèr Sêmarang |[81]|
17. Mijil
1. ana kadi sarpa têmbang warih | lir garudha tinon | tirta mijil sangking tutuke |[82] parang èsthi mijil tirtanya wêning |[83] tètèsnya nut dênti | kadya liman adus ||
2. alun-alun ana maling mati | dosanira madon | gilang-gilang tambuh kathahe tatune |[84] rabinira sêkawan samya nangisi |[85] sêsambate mêlasasih [mêlasa...]
--- [f. 16v] ---
[...sih] |[86] kakang tumut lampus ||
3. ingkang tuwa mondhong sirahnèki | kang panêngah ing wangkong |[87] ingkang anèm kapêrnah sukune | kang panêgêk kantrang-kantring anangisi |[88] sampun samya mulih | wus prapta wismanipun |[89]|
4. kang panggulu ika kang ngêdusi | panêngah ulêsnya wong |[90] ingkang tuwa anuci ika najise |[91] ingkang anèm sampun mêragadi | punika kang pundi | lakinipun kang yêktos |[92]|
5. lir sinêdhal kang nala kumitir | tambuh kang kêraos | aningali gusti ing wêrnane | datan ana kang kaciptèng wêngi | ing rat sanêgari | mung dika kaetung ||
6. sapiraa kuninge amanis | mêmêking sêsinom | uwang-uwang wulan rahadèn |[93] papantêse wong ayu gêglung têkuk kalih |[94] wêntisnya akuning | maya-maya kang pabayun |[95]|
7. lindrining netra asêpêt gêndhis | awèh wuyung tinon | Kusuma Di Ngurawan salahe | midêr ing rat sun tan amanggih |[96] kang kadi ukiran gadhing |[97] mung dika [di...]
--- [f. 17r] ---
[...ka] wong ayu ||
8. suka yayi bandanên ing kêndhit | kungkungên ing paturon |[98] kunjaranên sajroning lêlangse radèn |[99] tuwêkên kênaka kang lungid |[100] landhêsana pipi | sangganên pubayun[101] ||
9. kuwung-kuwung malêngkung ring langit | tejanya kyèh katon | dêrajate wong ayu gêdhe budine |[102] sapa bisa nyadhêkkên bumi nyang langit |[103] kilat layan thathit | jaladara mêndhung ||
18. Kasmaran Ningali
1. rahadèn sarêng ningali | kalawan sang dèwi rara | lir thathit barung kilate | upama Sang Panjangputra | tumibèng wontên ing sela |[104] carême awor akumpul | jêmbuhe tan maja muka ||
2. Rêtna Dèwi Nawangsasi | tumungkul èsmu kagiwang | andulu dhatêng rahadèn | gêlung malang kadhedheran | sinjang lan kasêmêkan | kagigal datan kaetung | èsmu merang nimas nrara[105] ||
3. Kusuma Di Nawangsasi | malêbêtèng pêsareyan | êmbane angiring mangko |
--- [f. 17v] ---
angrasuk nraja[106] busona | sang rêtna awiraga | rajakaputrèn rinasuk | ajamang mas kinatipa ||
4. kêkalung êmas binuka sri |[107] kilat bau naga rêtna | gêlang kona mas kaot |[108] asinjang cindhe jêlamprang | wong ayu awiraga | kadi widadari nurun | amindha galèk[109] kancona ||
5. sang ayu mêdal ing jawi | ambêkta lancang kêncana | aisi pawohane |[110] biyang bêkta abrasihan | [...] | [...] | [...] ||[111]
6. sampuning mêdal sang dèwi | ingiring ni babu êmban | lêngkung-lêngkung lêlakone | ulate mandam kanginan | lembehan mêrak kontal | satindak anuli mangu | amaoni kêmbênira ||
7. wus tata gènnya lumaris | rahadyan awas tumingal | yèn angucapa driyane | iki wong ayu jatmika | pêsaja kang lalewa | rahadyan asêmu kanyut | tumingal ing nimas rara ||
8. kusuma di muwus aris | kang êmas andika mucang | rahadyan alon wuwuse | inggih anêdha mas [ma...]
--- [f. 18r] ---
[...s] mirah | pasihan jêngandika | dhatêng mangke raganingsun | wong ayu sawang sasotya ||
9. yèn angucapa ing ati | radèn ayu dèwi rara | dene agalak tingale | mendahe sampun wanuha | agèndèng-gèndèng manah | jae wona atiningsun | kang ati payang-payingan ||
10. kaya priye polah mami | lamon ora pêpanggiha | tan wande edan têmahe | wadung pari dika kakang | kaningaya kaliwat | tan wande nêmahi lampus | lamon ora pêpanggiha ||
11. sampun surup sang yyang rawi | kagêntèn padhange căndra | kadi raina padhange | sang rêtna sampun tumêdhak | kundur dhatêng pêsarean |[112] lampahira gandrung mangu | ingiring dene pawongan ||
12. sang rêtna mujung asare |[113] aulês gadhung pirêmas | kadi wong pêjah polahe | larane asmara uyang | amung radèn kaetang | kang kacipta jroning kalbu | tan kêna linalènkêna[114] ||
13. sun gagunung awak mami | gunung sakidul Ngungaran [Ngungar...]
--- [f. 18v] ---
[...an] | karungrungan ing têmahe | desa sawetan Sêmarang | sakuloning Têrbaya | lali gawe awak ingsun | sêlarine wanuh lan dika |[115]|
14. lung-lungane awak mami | lung-lungane ara-ara | sapa lanjarane têmbe | yèn dedea kakang putra | kang wêlas mring kawula | sun sidhêp nulia nusul | wong bagus katon gumawang ||
15. kelor wayu sun wêstani | juragan kapatèn băndha | nara wurung èmêng atine |[116] calana munggèng sarira | sun rasuke wong ika | paksi agung akêkuncung | dêrapon karaka pisan ||
16. kuwali pring sun wêstani | èmênge manah kawula | agawe lara têmahe | amung dika kakang putra | kang bisa nambanana | sakit kawula wong bagus | dede lara ngêlu panas ||
17. dede gumigil panastis | dede lara kaapungan | pan dede êsur larane | lara nyêngkêl kalênglêngan | nora nana jampènana |[117] yèn dedea kakang bagus | kang sayogya jampènana ||
18. satilare radèn dèwi | radèn [radè...]
--- [f. 19r] ---
[...n] êmas kara anggona |[118] mênggah mêrsah ika galihe |[119] kang kaciptèng jroning lala[120] | amu[121] sang rêtnaning dyah | tinut maring jinêm arum | rahadyan ika rêrêpa ||
19. Puh têmbang Sinom
1. dados punapa kawula | kadêngangana sang aji | sang nata makêbul pura | tan wande kula ngêmasi | sang rêtna mojar aris | pagêr bumi kakang bagus | luwang siji ing benjang | wong roro ingkang ngalêbêti |[122] ancur banon lêbur luluh lawan dika ||
2. tan etang ujaring jona | dèn wêstani sundêl anjing | rèh kula trisna ing dika | nora sêdya sun unduri | pring nom rinujit miring | mung dika pangeran ingsun | tarutusing kusuma | tur mambu kadang pribadi | sampun liyan amalaa anggitika ||
3. yèn dika kawênangana | maring si roma benjing |[123] kêlampahan pinêjahan | pasthi kawula belani | dawêg punapa jaji[124] | sampun nyidrani ing sanggup | sapa cidra ngubaya | aja na manggih bêsuki | yêktènana mênawi kawula cidra ||
4. mênawi [mêna...]
--- [f. 19v] ---
[...wi] dika kang cidra | basane kandhêg ing lair | sapa cidra ngubaya |[125] aja na manggih basuki | bibis tasik wong sigit | gêbyog ing sêgara kidul | sampun kundur pawarta | pudhak jêngkar wong abênthing | yèn kababar wong roro kang ngêlabuhana |[126]|
5. radèn putra angrêrêpa | pangrungrume mêlasasih | dhuh mas mirah ariningwang | wong kuning têka dumêling | kang sawang Dèwi Ratih | èsême asêpêt madu | baya intên baya mirah |[127] kang pinuji dadi putri | milanipun wong ayu raga karona ||
6. wong kuning pêngawak dara | yèn mèsêm andudut ati | sapa kang duwe bêndara | amunga ingsun pribadi | wong ayu milangoni | kadi widadari nurun | tumêdhak maring donya | kuninge anawangsasi | amung di guruning ayu sêdaya |[128]|
7. rahadèn arsa angaras | sang rêtna ayu ngigati[129] | pangarase tuna dungkap | pipi kiwa kang dipun prih | radyan muwus aris |[130] aja tanggung mirah ingsun | sira agawe dêdona |[131] sang rupa
--- [f. 20r] ---
sih maring mami | sang rêtna yu aris gènnya ngandika |[132]|
8. sintên rêna wong dèn aras | pabêne dèrèng sayêkti | ijap kabuling kawula | punapa dèn akên rabi | rahadèn muwus aris | têka bakal wicaramu | wis matêng binakalan | sun rewangi baya pati | pasthi dika wong ayu sun akên garwa ||
9. wong ayu kang mindha rêtna | kang asawang Dèwi Ratih | olèhku amujya brăngta | sun têdha sihira gusti | taru rêsmining warih | sun têdha tulusa maskun | buron kang sabèng toya | kang yatra songakên kalih | ambayani yèn tan dika awêlasa ||
10. sang rêtna kinosya-kosya | pangarase wanti-wanti | sang ayu datan lênggona | asung gantèn maring laki | kakung narimèng lathi | saryya gigit lathinipun | sang dyah kagèt ajola[133] | mêlerok saryya anjiwit | wus adate wong lanang têka bêlasar ||
11. nora sangsaya lipura | rahadèn angukih rêsmi | sang ayu kinosya-kosya | sang rêtna juwita angling | iki sih wong punapi |
--- [f. 20v] ---
pêngarase andêlurung | pipi kaya têdhasa | pêmbayun dèn rêmêd wani | dèn aririh yèn karsa măngsa wandeya ||
20. Puh Kinanthi
1. kang pêksi mitraning pandung | katuhune awak mami | banyu biru ing jambangan | lila têmên wong asigit | bajing bang kang sabèng wona | nora larang wong amukti ||
2. ancur gêdhah awak ingsun | saya karasa kang ati | kadêrmane awak ingwang | dene têka lêliwati | siti bêlah wong awirya | sumêlang maring wong mukti ||
3. pagêr bumi wong abagus | dene kathaking wong mati | sun têdha-têdha ing benjang | wong roro kang ngêlêboni | nora liyan kakang putra | wong bagus kang gawe brangti ||
4. milaningsun agêng wuyung | katingal maring wong sigit | si kakang kang gawe brăngta | ingsun puji rina wêngi | barat agêng alimêngan | wong bêsus katon sawêngi ||
1 | Naskah ini tidak ada judul, tetapi di bagian depan (f.vi-r) tersua tajuk: Collection of Songs, from the Prince Pakualam (Bunga Rampai Tembang, dari Pangeran Pakualam). Dalam daftar British Library naskah ini diberi judul: The teachings of Sultan Hamengku Buwana I (Add MS 12337) yang telah diterjemahkan sebagai Wulang Hamêngkubuwana I. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: nora pêcat ngastane ki dhalang. (kembali) |
3 | supriha. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: dèn mlasasih nitipake. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: aja sira mênêng angucing. (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata: tingkahing sih kapindhone. (kembali) |
7 | wignya (dan di tempat lain). (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: papa nistha saking polahing sudarmi. (kembali) |
9 | Dhangdhanggula (sesuai dengan ejaan lainnya). (kembali) |
10 | wênèh (dan di tempat lain). (kembali) |
11 | kungkungên. (kembali) |
12 | prihên. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: wiluwih patirtan adoh. (kembali) |
14 | wigya. (kembali) |
15 | Biasanya guru lagu i: kakunging. (kembali) |
16 | Naskah tidak terbaca. (kembali) |
17 | Kurang dua suku kata: lah kantuna wong akuning. (kembali) |
18 | Naskah tidak terbaca. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: aja brăngta kawulane nora lami. (kembali) |
20 | tumêngèng. (kembali) |
21 | Lebih dua suku kata: thi-athi kudhuping turi. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: tênggêknya lunging jăngga. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: têngah kaya putunga. (kembali) |
24 | Lebih satu suku kata: yèn cinăndra kang warna. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: êjong layaring ardi. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: pêdhatyambah sêgara. (kembali) |
27 | Biasanya guru lagu i: widuri. (kembali) |
28 | lumampah. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: lembehan krakan kontal. (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata: sun pondhong sarya ngladèni. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: sarwi anênumpingi. (kembali) |
32 | nganggo. (kembali) |
33 | enjing. (kembali) |
34 | Lebih satu suku kata: wilatung miyos mrapi. (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata: tanggung têmên kêpanggih sapêleredan. (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata: dol gula pagênderan. (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata: ra mulês nora panas. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: mung dika sun klayoni. (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata: panu biru nèng jaja. (kembali) |
40 | poyang-payingan. (kembali) |
41 | Dhangdhanggula (sesuai dengan ejaan lainnya). (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata: sapya myarsa Indrajit lingnèki. (kembali) |
43 | Lebih satu suku kata: mangkana Indrajit ngatag. (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: amungsuh wênara rame. (kembali) |
45 | ginarumung. (kembali) |
46 | Lebih satu suku kata: parêng nrajang suraknya atri. (kembali) |
47 | Indrajit. (kembali) |
48 | nênggih. (kembali) |
49 | Lebih satu suku kata: nênggih Sang Sri Rama tanya aris. (kembali) |
50 | Lebih satu suku kata: paranipun ing tawang kèksi. (kembali) |
51 | Kurang satu suku kata: tur ambirat têtilas. (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: jatosipun iku. (kembali) |
53 | Lebih satu suku kata: pan dènnya kêsayahan. (kembali) |
54 | sarèhning. (kembali) |
55 | Lêsmana. (kembali) |
56 | sêntana. (kembali) |
57 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu a: bara-bara têmahipun papa. (kembali) |
58 | Kurang dua suku kata: leka paripurnèng raje. (kembali) |
59 | Lebih dua suku kata: Sang Rahwona myarsa turing Drajit. (kembali) |
60 | Kurang satu suku kata: alya kacipta gawokan kaki. (kembali) |
61 | Kurang satu suku kata: yèn dhatêngan ingkang larantaka. (kembali) |
62 | pêjah. (kembali) |
63 | langgêng. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: Citrabahèka turune. (kembali) |
65 | têdhakirèng. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata: lingnya Risang Rahwona karia kaki. (kembali) |
67 | Lebih satu suku kata: wyang arsa prang lan Sri Rama tuwin. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: wyang tan arsa malih ku. (kembali) |
69 | Lebih satu suku kata: prandene anak ingwang. (kembali) |
70 | Kurang satu suku kata: wyang arsa ambêg bêgawan. (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: sira mutêra bwona. (kembali) |
72 | Lebih tiga suku kata, dan biasanya guru lagu i: yèn wus matêng gènira ngulêmi. (kembali) |
73 | undang. (kembali) |
74 | Dipati. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: miwah Dipati Smarang. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: Mas Ngabèi ing Juwani sampun prapti. (kembali) |
77 | Lebih satu suku kata: Pjangkungan Palèh Rêmbang. (kembali) |
78 | Lamongan. (kembali) |
79 | rawuh. (kembali) |
80 | Purbalinggèki. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: seba dêlèr Sêmarang. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: tirta umijil sangking tutuke. (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: parang èsthi mijil tirta wêning. (kembali) |
84 | Lebih dua suku kata: gilang-gilang kathahe tatune. (kembali) |
85 | Lebih dua suku kata: rabinira sêkawan nangisi. (kembali) |
86 | Lebih dua suku kata: sambate mlasasih. (kembali) |
87 | Lebih satu suku kata: kang panêngah wangkong. (kembali) |
88 | Lebih dua suku kata: kang panênggêk kontrang-kantring nangis. (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: prapta wismanipun. (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata: panêngah ulês wong. (kembali) |
91 | Lebih dua suku kata: ingkang tuwa anuci najise. (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: yêktos lakinipun. (kembali) |
93 | Kurang satu suku kata: uwang-uwang lir wulan rahadèn. (kembali) |
94 | Lebih tiga suku kata: pêpantêse gêglung têkuk kalih. (kembali) |
95 | Lebih dua suku kata: maya kang pambayun. (kembali) |
96 | Kurang satu suku kata: midêr ing rat sun datan amanggih. (kembali) |
97 | Lebih dua suku kata: kadi ukir gadhing. (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: kungkungên paturon. (kembali) |
99 | Lebih dua suku kata: kunjaranên sajroning lêlangse. (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata: tuwêkên kênaka ingkang lungid. (kembali) |
101 | pambayun. (kembali) |
102 | Lebih dua suku kata: dêrajate wong ayu budine. (kembali) |
103 | Lebih dua suku kata: sapa kang nyadhêkkên bumi langit. (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata: tumibèng wontên sela. (kembali) |
105 | rara. (kembali) |
106 | raja. (kembali) |
107 | Lebih satu suku kata: kêkalung mas binuka sri. (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata: gêlang kona mas kinaot. (kembali) |
109 | golèk. (kembali) |
110 | Kurang satu suku kata: aisi pawowohane. (kembali) |
111 | Kurang tiga gatra: ke-5 (7a), 6 (8u), dan 7 (8a). (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: kundur dhatêng psarean. (kembali) |
113 | Biasanya guru lagu i: sang rêtna mujung sarening. (kembali) |
114 | linalèkêna. (kembali) |
115 | Lebih satu suku kata: sêlarine wanuh dika. (kembali) |
116 | Lebih satu suku kata: ra wurung èmêng atine. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: nora na jampènana. (kembali) |
118 | Lebih satu suku kata: radèn mas kari anggona. (kembali) |
119 | Lebih satu suku kata: mênggah rêsahing galihe. (kembali) |
120 | nala. (kembali) |
121 | amung. (kembali) |
122 | Lebih satu suku kata: wong roro ingkang nglêbêti. (kembali) |
123 | Kurang satu suku kata: maring si rama ing benjing. (kembali) |
124 | janji. (kembali) |
125 | Kurang satu suku kata: sapa cidra ing ubaya. (kembali) |
126 | Lebih satu suku kata: yèn kababar wong roro kang nglabuhana. (kembali) |
127 | Lebih satu suku kata: bayèntên baya mirah. (kembali) |
128 | Kurang satu suku kata: amung dika guruning ayu sêdaya. (kembali) |
129 | nginggati. (kembali) |
130 | Kurang satu suku kata: rahadyan muwus aris. (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata: sira gawe dêdona. (kembali) |
132 | Kurang satu suku kata: sang rêtna yu aris gènnya angandika. (kembali) |
133 | anjola. (kembali) |