1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita
1. | 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
2. | 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
3. | 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
4. | 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
5. | 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
6. | 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
7. | 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
8. | 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
9. | 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
10. | 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
11. | 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
12. | 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
13. | 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
14. | 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
15. | 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
16. | 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
17. | 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
18. | 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
19. | 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
20. | 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
21. | 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka. |
22. | Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 372/82 Solo/Weltevreden, 18-8-1931
Karya;
1. Layangmu kanthi pidhato tik-tikan 2 wis katampan trima kasih, mung ènèng salahe sawatara dening pancène panjalukku sing wis dijawakke ning sing tik-tikan, prêlu konjuk nyang Madusuka lan Ngayogya. Banjur jalukna, sarta sambungane inggalna mundhak saya kadaut-daut.
Rèhne wis rada nganggur pidhato BB wis ta Jawakke dhewe, samangsa rampung ta kirimke banjur wènèhna Marta supaya dirampingke kaya adate. yèn mung ngrampingke bae sing Jawakke aku dhewe mêsthi bêcike, marga kajaba aku ngrêti ubat-ubêting rambug,[1] matêng cara Landaku dalahsan[2] lêlewane.
2. Panggêdhe candhi wis mènèhke turunan layange nyang gupênur surasa jaluk tulung nyuwunke ngapura klerehane sing ora wangun, iku takokna adhimu apa wis konjuk? Aku dhewe mêsthine ya bakal lapur kamas saprêlune, ning rèhne kowe biyèn ya wis ta ajak rasanan bab kuwi, takokna.
3. Gawate pulitiek Karya:
Ing rantaman nêgara ana dhuwit mêtu 4000 kanggo ngijoli bêja pulisi nêgara Landa sing nindakke kawajiban babagan prêlune India -besuk kowe wêruh ing wangsulane pamarentah yèn wis ta Jawakke- aku pidhato ora mupakat, dening kawajibaning pulisi kene tumrap prêluning nêgara Landa ya ora diijoli, mula prayoga padha lêlahanan bae, dadi bisa bêcik SASRAWUNGANE.
Sadurunge pidhato ta wêdharke ta rêmbug dhisik karo mitra, sing muni bêcik sêsrawungane dicorèk, cukup aku muni ora rujuk, marga yèn SÊSRAWUNGANE LÊSTARI BÊCIK, India mundhak salawase ora bisa PÊDHOT karo nêgara LANDA, mangka pangarêp-arêpe wong bumi kene, kudu budidaya bisane tumuli pisah jumênêng pribadi. Orije[3] Karya, ngono kuwi gawat apa ora? Aku sing wis kungkum ing politiek puluhan taun, sing wis kaloka yèn pangawak pulitiek, ewadene isih bisa KLIRU, upama liyane aku gèk kêpriye???
Banjur aku nandangi gupênur Sumatra wetan gone ora ngulêmi Sultan Dhèli nalika gupênur jendral Pilipinah rawuh Medhan. Diwangsuli pamarentah yèn samana mung patikêlir[4] bae, mulane sultan ora diulêmi, mangkono mau sultan ora prêlu andadèkke panggalihe. Bakal wangsulan ta rènrèng[5] ngêlèhke lupute gupênur, mitra mau ya nyorèk, mung dicêkak saprêlune bae, marga ingatase aku PUTRA DALÊM wakiling RATU, ora patut yèn muni dawa2, seje yèn dudu putra dalêm ora dadi wakiling ratu.
Muni samono wis cukup, sanajan pamarentah ketok ngrewangi bature, ning nyatane gupênur mau mêsthi wis didukani, mung mêstine kanggo pagêdhongan. Hlo Karya, kêluputan manèh!!!
4. Kene hawane panas bangêt; besuk tanggal sapisan ngalih nyang lêsmèn,[6] marga omahe dibacutke sewe[7] mung ½ sasi ora olèh, mangka gonku ènèng kene ya mung kari têkan têngah2ane Sèptèmbêr. Mung lêsmèn[8] ngêndi, kuwi sing aku durung wikan, têmbe mènèhi kabar.
Sanajan têngah-têngahane Sèptèmbêr prêpatan bubaran, kiraku aku ora mulih dhisik, kajaba yèn ènèng prêlune bangêt têrus nyang Surabaya tilik putumu têmantèn gone ngalih omah, karo larane besan; malah bakyu bubar taun raja iki ya dipêthuk.
5. Bab lêsing sidane priye? sarta gone nyinau pranatan anyar bab barang kuna sing ta wènèhke kowe priye, wis diinggalke maspati MN.
Karo yèn katêmu mudha pangarsa takona apa wis nampani layang pitakonan saka Wida, yèn wis tumuli diwangsuli, marga awake ngarêp-arêp bangêt.
Wis Karya padha slamêt.
Salamku.
1 | rembug. (kembali) |
2 | dalasan. (kembali) |
3 | Priye. (kembali) |
4 | partikêlir. (kembali) |
5 | rèngrèng. (kembali) |
6 | losmèn. (kembali) |
7 | suwene. (kembali) |
8 | losmèn. (kembali) |