Mas Angabei Jimat kepada Parentah Pasowan Mangu, 14 November 1837
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Mas Angabei Jimat minta keadilan kepada pengadilan Kepatihan, bahwa Iman Raji sebagai bawahannya tidak mau diperkarakan di pengadilan oleh Murtaja. Ia digugat karena membawa kunci makam yang mengakibatkan teman-temannya tidak dapat masuk untuk membersihkan makam, kunci diminta tidak boleh. Ketika akan dilaksanakan upacara nyadran, supaya makam dibuka, Iman Raji dicari tidak ketemu, setelah ketemu kunci diminta juga tidak diberikan, disuruh bekerja kembali, dia juga tidak mau, bahkan ia mengaku jika sudah dipanggil sendiri ke kantor. Setelah mendapat perintah Kangjeng Bendara Pangeran Ariya Widura, supaya pintu dijebol, baru dapat dilaksanakan upacara nyadran, meskipun sudah kelewat harinya. Oleh sebab itu Kyai Ngabei Jimat minta keadilan secara hukum.
Atur kawula Mas Angabèi Jimat. Ingkang mugi katur ing parentah pasowan mangu ing Kapatihan.
Kawula nyuwun adil pangwasanipun ing parentah, ingkang kawula suwunakên adil, pangwasanipun ing kangjêng parentah agêng, kala ing dintên Sêlasa kaping 6, wulan Jumadilawal, ing taun Jimawal, ăngka 1765.
Momongan kawula lurah juru kunci awasta pun Iman Raji, punika mogok, botên purun kawula ladosakên ing pasowan pradata dalêm. Anggènipun kagugat dhatêng pun Murtaja, lajêng kesah pepe dhatêng kantor, ambêkta kagungan dalêm sorok, kontên ing pasarean. Kalih angêdhagakên ing sadamêl-damêlipun juru kunci, kancanipun juru kunci botên wontên sagêt lumêbêt angrêsiki pasarean, amargi kontên kakunci, lajêng pun Iman Raji kula dhawahi tumapaka sadamêl-damêlipun. Kados ingkang sampun kalampahan, pun Iman Raji mopo, ngakên botên dados rencang rèh kula, [ku...]
[...la,] sorok kula pundhut botên suka.
Sarêng ing wulan Ruwah kaping 10, kawula kadhawahan dhawah dalêm, badhe anyadran wulan kaping 15, lajêng kawula utusan ngupadosi Iman Raji, amundhut sorog wau, ngantos gangsal dintên. Botên pinanggih, sarêng pinanggih, sorog kula pundhut inggih botên suka, kula dhawahi tumapak ing sadamêlipun inggih botên purun.
Lajêng kula andhatêngakên prapat mănca gangsal. Anyaidakên igatipun[1] Iman Raji, kados ing ngajêng wau, kănca prapat lajêng sami angyêktosakên. Dhatêng pun Iman Raji, wangsulanipun Iman Raji inggih botên ewah kados ing ngajêng wau, saha ngakên sampun kapiji ing kantor piyambak.
Kula lajêng lapur ing Kangjêng Bêndara Pangeran Ariya Widura, inggih lajêng amaringi sêrat dhawah dhatêng Iman Raji, andikakakên tapak ing sabarang damêlipun. Mênawi botên purun tapak, sorok kapundhut. Aturipun Iman Raji inggih [ing...]
--- [13b] ---
[...gih] mêksa mopo, lajêng adhêdhawah gantung palênggahanipun Iman Raji, pun Iman Raji inggih mopo.
Lajêng Bêndara Pangeran Ariya Widura, adhêdhawah dhatêng kula, ambêdhat kunci kontên pêsarean. Inggih lajêng kawula bêdhat.
Krêsa dalêm ingkang sinuhun, nyadran wulan kaping 15 wau ngantos sande, sarêng kunci sampun kawula bêdhat, lajêng kawula lapur ing Kangjêng Bêndara Pangeran Ariya Widura, saha kawula kaparingan dhawah, saèstonipun sadranan dalêm, ing dintên Kêmis kaping 17.
Ingkang punika kawula botên suka botên narima, kula suwun paukumanipun, ing pangwasanipun ing nagari, anggènipun damêl kalêpatan pun Iman Raji, akathah-kathah, dhumatêng awak kawula.
Kala katur ing parentah, ing dintên Slasa kaping 15, wulan Ruwah ing taun Jimawal, ăngka 1765.
Atur gugatipun Kiyai Ngabèi Jimat. Kang katur ing pasowan mangu Kapatihan.
1 | inggatipun. (kembali) |