Sutawijaya dari Tegalas ditangkap Kyai Mangkudipura, 12 Juli 1798
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Ringkasan: Kesaksian para narapidana, di antaranya adalah
1. Sutawijaya dari Tegalas ditangkap oleh Kyai Mangkudipura ketika terjadi perampokan, padahal ketika itu ia sedang duduk di rumah bersama pesuruhnya Riyadikara, Trunadiwangsa. Ketika diperiksa di Secang dan dituduh melawan para gandhek, berhubung merasa tidak berbuat, maka ia menjawab tidak ikut terlibat. Yang ia tahu yang memerangi adalah Porog dan Sruwi.
2. Sukra dari Karangduren teman dari Tiyu, ia ditangkap dituduh melakukan perampokan. Diperiksa di Dawit, didakwa berulang kali tetap tidak mau mengakui.
3. Sruwi dari Surakan teman dari Tiyu memberi kesaksian, bahwa yang memerangi gandhek adalah Tiyu dan Babag dengan pedang.
4. Porog dari Surakan teman dari Tiyu, memberi kesaksian, dia diborgol, dia hanya mendapat keterangan dari Sruwi, bahwa Sengkek dan Babag lah yang memerangi gandhek.
5. Boyong dari Surakan teman Tiyu, ia ditangkap karena ia yang bertugas jaga, dan malamnya terjadi perampokan. Ia akan menabuh kentongan, malah didorong oleh para perampok sampai jatuh.
Pemut. Sêptu ping 25 Sura Jimawal, ăngka 1725.
Aturipun pasakitan. Kala pinariksa, dhatêng Mas Dêmang Ngurawan. Kajênêngan Pangeran Ngabèi, Radèn Tumênggung Puspakusuma, wontên ngarsane Tuwan Petor, sarta upêsir kêkalih, kalih wajidan pun Minggil.
Punika aturipun Pak Sutawijaya, griya kula bumi dhusun pun Têgalès. Tumut Riyadikara, kaparak têngên. Sarêng wanci asar kula suguh dhatêng dhusun Surakan. Sêgah dhatêng prayayi gandhèk. Sarêng kula dhatêng kula lajêng dipun cêpêng, dhatêng Kyai Mangkudipura, sarta prayayi gandhèk ngriki, sarêng wanci têngah dalu, sarêng prayayi gandhèk dipun kècu, kula anglêrêsi lalênggahan. Wontên griya kula pyambak. Recang[1] kula lênggah kalih gandhèkipun Kyai Riyadikara, kalihipun Trunadiwăngsa, nuntên pun Surakan. Wontên gêntangan mungêl. Kula atandang, kula sarêng dugi têgal Surakan. Sarêng pêpak prapat kula sami malêbêt pemahan. Sarêng kula dumugi pemahan kawartos prayayi gandhèk, punika tiwas amung punika, pamirsa kula, kala wontên dhusun pun Sêcang, kula dipun priksa, dhatêng Kumpni, atur kula kula punika tiyang prapat. Kula mirsa wêrtos-wêrtosipun tiyang kathah, inggih pun babah ingkang amêrangi prayayi gandhèk puniku, amung punika atur kula, dipun priksa wontên dhusun inggih atur kula punika, wondene ingkang sami wicantênan. Yèn pun babah kang mêrangi priyayi gandhèk, pun Porog satunggil. Pun Sruwi satunggil. Amung tiyang kalih punika, tiyang kalih punika inggih rencangipun Ki Tiyu pyambak.
Punika aturipun Pak Sukra, griya kula Karangdurèn. Dados rencangipun pun Tiyu, mila kula dipun bêsta, kula asêsêgah dhatêng prayayi gandhèk punika, nuntên kula lajêng dipun bănda, sampune kula dipun bănda, nuntên kula lajêng dipun bêkta dhatêng sun[2] pun Dhawit, dhatêng gunung, nuntên kula dipun priksa, kowe idhêp sing ngècu, atur kula batên. Aturmu kuwe tuture idhêp. Sadasa makatêna kula batên. Sarêng enjing kula dipun tulisi malih, atur kula sapuluh dika tulisana, punika atur kula wingi mangke kula batên rumaos. Amung punika atur kula.
Punika aturipun Pak Sruwi, griya kula ing Surakan, dados rencangipun Ki Tiyu, mila kula dipun bănda, kula ingkang kêmit. Samirsa kula pun Tiyu, kalih pun Babag. Kang sami mêrangi gandhèk. Kang dipun ge mêrangi inggih pêdhang kalih pisan. Amung punika pamirsa kula.
Punika aturipun pun Porok. Griya kula Surakan, dados rencangipun Ki Tiyu, mila kula dipun bănda, dipun tuturi pun Sruwi, sajangipun [3] pun Sruwi dhatêng kula, uwa Si Sêngkèk, karo Si Babag, mêrang gandhèk, lajêng
kula lumajêng atitir, kula batên uninga, amung punika atur kula.
Punika aturipun Pak Boyong, griya kula Surakan. Dados rencangipun Ki Tiyu, mila kula dipun bănda, kula kang kêmit. Siyangipun wontên priyayi dhatêng, sarêng dalu wontên kècu, kula nuju wontên ing nglêsung, sarêng kècu dhatêng kula ngagêm pênthung, nuntên kula dipun jorogakên dhatêng pun kècu, kula kajêngkang tiba pagêr, kula lajêng lumajêng kesahipun pun kècu kula batên mirsa, namung punika atur kula.
1 | Rencang. (kembali) |
2 | dhusun. (kembali) |
3 | sanjangipun. (kembali) |