Ki Setrawijaya kepada Parentah Ageng Pasowan Dalem, 16 November 1837
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Kesaksian Ki Sakrama tentang kematian Sengkek Tio Ek yang dirampok oleh Ki Setrawijaya kepada Parentah Ageng. Keesokan harinya, datanglah Ki Kertasemita yang ingin menolong, karena sudah terlanjur meninggal, maka dia atas nama Tio Owah bersumpah apabila di suatu saat pembunuh itu tertangkap, supaya dihukum, dan hal ini juga disetujui oleh penduduk setempat. Akhirnya Sengkek Tio Ek dikubur di tempat itu juga.
Atur kawula Ki Sêtrawijaya, bêkêl siti dhusun ing Nglalung tanah ing Sokawatos. Bawah dalêm ing kadospaten kaprabon kaprangwadanan. Ing ngajêng andhèrèk Kangjêng Pangeran Mayor Ariya Suryanagara, kawula kapriksa ing parentah agêng, ingkang awit sangking aturipun Ki Sakrama ing Kalêbèn dhumatêng ing parentah agêng, kala ing dintên Sênèn tanggal ping 14 wulan Arwah ing taun Jimawal 1765, wanci enjing Ki Sakrama wau dipun pêndhêt bêrah dhatêng tiyang Cina, awasta Sêngkèk Tio Èk, rencangipun Babah Tio Owah, pak apyun tanah ing Kaduwang, Sêngkèk Tio Èk wau badhe kêsah dhatêng ing Karangbangun. Lampahipun dumugi wontên margi wana siti ing Karandhon. Padhêkahanipun tatênggan kawula siti dhusun ing Nglalung, Sêngkèk Tio Èk wau amanggih bilai, dipun kaniaya dipun begal ing tiyang durjana, batên kantênan tiyangipun. Sêngkèk Tio Èk anandhang tatu sakêlangkung kathah, lajêng dados ing pêjahipun. Wondèntên atur kawula inggih sayêktos. Sêngkèk Tio Èk dipun begal dipun kaniaya ing tiyang durjana, pêjah wontên tatênggan kawula siti dhusun ing Karandhon.
Sarêng ing dintên Sêlasanipun, wanci lingsir kilèn kawula kadhatêngan tiyang awasta Ki Kêrtasêmita, kancanipun tiyang tiga, utusanipun kapala pak agêng. Kautus atitipariksa Ki Kêrtasêmita wau, lajêng anêdha tandang tulung kalihan titir, kawula inggih anulungi, lumampah dhatêng panggenan siti ing Karandhon. Ki Kêrtasêmita lajêng angungêlakên gundhala titir, batên dangu kănca prapat mănca gangsal sami dhatêng sadaya, Ki Kêrtasêmita wau lajêng ambucal pisaid. Amartelakakên Babah Tio Owah
anêbut batên suka batên tarima, pêjahipun Sêngkèk Tio Èk, amargi dipun kaniaya dipun begal ing tiyang durjana, batên kantênan tiyangipun durjana, wontên siti dhusun ing Karandhon. Ing tembe wingking mênawi angsal titik kantênan kapanggih tiyangipun durjana, ingkang nganiaya amêjahi dhatêng Sêngkèk Tio Èk wau, atas dipun suwun ing adil pariksanipun ing parentah agêng, kănca prapat mănca gangsal sadaya, inggih sami anaidi anampèni ing pisaidipun upas Ki Kêrtasêmita wau, akalihan kawula inggih animbangi ambucal pisaid. Kados dèntên pisaidipun Ki Kêrtasêmita upas. Jisim wau lajêng kapêtak, wontên siti panggenan pambegalan wau, namung punika atur kawula.
Kala kapriksa wontên ing pasowan dalêm. Ing kadospatèn kaprabon kaprangwadanan. Ing dintên Kêmis tanggal ping 17 wulan Arwah ing taun Jimawal ăngka 1765.