Mas Ketib Anom, Mas Tuan Khaji Khambah kepada Kyai Lurah Kangjeng Kyai Mas Pangulu Dipaningrat, 7 Juli 1842
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Laporan perjalanan para utusan dari Surakarta yang dipimpin oleh Mas Ketib Anom dan Mas Tuwan Khaji Khamjah kepada Kyai Mas Pangulu Dipaningrat ke Demak untuk membantu memperbaiki masjid. Setelah mengadakan ziarah ke makam, sholat dan lainnya, perbaikan masjid dimulai dengan membongkar sirap dan kayu-kayu bagian atas. Untuk pemasangan kembali, sebagian kayu yang masih baik dipasang lagi, sedangkan yang rusak diganti.
Sêrat, saha ingkang pangabêkti kawula Mas Kêtib Anom, akalihan Mas Tuwan Khaji Khamjah, ingkang sawêk anglampahi ayahan dalêm wontên nagari Dêmak. Sayogi konjuk ingkang panjênêngan Kyai Lurah Kangjêng Kyai Mas Pangulu Dipaningrat. Panagari dalêm ing Surakarta Adiningrat, kampung Pêkauman. Ingkang kakêrsakakên dados wakil dalêm angasta kagungan dalêm khukumollah.
Sasampunipun pangabêkti kawula akathah-kathah, wiyosipun kula ngunjuki uninga ing panjênênganipun kyai lurah, mênggah lampah kawula sakănca kawula sadaya, anggèn kawula nglampahi ayahan dalêm dhatêng Dêmak. Awit angkat kawula sangking griya, sipêng wontên Ngampèl. Lajêng sipêng wontên Ungaran. Lajêng sipêng wontên Sêmawis. Dhatêng kawula wontên nagari Dêmak, dintên Kêmis wanci jam 8 sontên. Kawula sakănca kawula sadaya, kaparingan pondhok wontên langgaripun Pangulu Imam Abu Makhmudin. Sadhatêng kawula wontên nagari Dêmak, sakănca kawula sadaya wilujêng, sarêng ing dintên Jumungah wanci jam 8 kawula sakănca kawula sadaya, sami ngabêkti ratib, dhatêng
pasarean. Undur kawula sangking pasarean, wanci jam sadasa, sarêng jam satêngah 12 = kalih wêlas. Kawula sakănca kawula sadaya, sami salat Jumungah, mênggah anggèn kawula salat sakănca kawula sadaya, wontên plataran masjid. Kajêngipun Mas Pangulu Imam Abu Makhmudin, kapêrnahakên wontên saklèripun mimbar, kawula mopo amargi sampun sangêt kêbêkipun salêbêtipun masjid utawi ing surambi punapadene plataran masjid, botên wontên sêlanipun. Tiyang ingkang sami salat wau, sarêng ing dintên Saptu kawula kalihan adhimas Tuwan Khaji Khamjah, sowan dhatêng Radèn Tumênggung Mangkuyuda, nyadhong dhawah sarèhning dintên Akhad wulan slawe wau badhe amiwiti bibrah kagungan dalêm masjid. Manawi radèn tumênggung wau karsa mêmule, utawi ngaosakên ing malêm Akhad punika, kawula dèrèng ngantos ngaturakên dhawah sampeyan wêling bab sajèn-sajèn, utawi sarat-sarat. Radèn tumênggung ngandika yèn paring dalêm yatra sampun kaparingakên dhatêng Radèn Tumênggung Riya Adinagara Dêmak. Kawula kalihan adhimas Tuwan Khaji Khamjah lajêng mundur dhatêng pondhok. Ananging dhawah sampeyan wêling, bab sajèn-sajèn utawi bab sarat-sarat. Sampun kawula saosakên têrang, kala kèndêl wontên Salatiga, sampun botên kakirangan. Mênggah atur kawula utawi adhimas Tuwan Khaji Khamjah, sarêng ing dalu malêm Akhad. Kawula sakănca kawula sadaya [sa...]
[...daya] sami ngabêkti ratib dhatêng pasarean malih, lajêng sami nênêpi, sarêng ing dintên Akhad, wulan salawe wanci jam sanga, kawula sakănca kawula sadaya, sami dhèrèk sowan dhatêng masjid. Sarêng wanci jam satêngah sadasa, amiwiti nèthèli sirap. Wondene ingkang miwiti nèthèl sirap wau, Mas Pangulu Imam. Kancanipun kêtib 2. 1. Tuwan Khaji Jenal Ngabidin, 2. Tuwan Khaji Mukhammad Jèn, 3. Pak Sarimin. Tukang sangking Sêmawis. Wondene kancanipun kêtib ingkang 4, modin 8, kabayan 2, marbot 13, punika ingkang sami nampèni sirap, lajêng ngudhunakên. Wondene abdi dalêm Surakarta, ingkang dhèrèk minggah nèthèli sirap wau, namung satunggal Mas Ngabèi Jayadiwirya abdi dalêm mantri Kêpatihan. Wondene ingkang dipun thèthèl rumiyin, sirap êmpyak têngah ingkang kidul. Angsal gangsal êrèng nuntên ngalih êmpyak kang wetan. Angsal kawan rèng, nuntên ngalih êmpyak kang êlèr angsal kawan rèng, wondene êmpyak têngah kang kilèn sampun ambyuk kasantunan usuk dêling sirap kajang, lajêng minggah nèthèli sirap sirah gada, ingkang kathèthèl rumiyin, êmpyak kang kidul. Angsal kawan rèng, nuntên ngalih êmpyak kang wetan. Angsal kawan rèng, nuntên ngalih êmpyak kang êlèr angsal kawan rèng, nuntên ngalih êmpyak kang kilèn. Angsal kawan rèng, sarêng panèthèlipun sirap êmpyak sirah gada mudhun, udhunipun pangulu sakancanipun kalihan sirap êmpyak têngah wau sampun mubêng, mas pangulu sakancanipun kadhawahan kèndêl lajêng sin [si...]
[...n] wau sadaya wilujêng, botên wontên satunggilipun ing kawis-kawis. Punapadene para agêng ingkang sami jênêngi, utawi para sarip para koja, para khaji, para Jawi, ingkang sami jumurung pangandonga,[1] sêdaya wau sami wilujêng, botên wontên satunggilipun ing kawis-kawis. Awit sangking barkahipun ingkang sumare ing Dêmak, utawi sanèsipun. Wondene udhunipun mas pangulu sakancanipun wau wanci jam sawêlas. Wondene para agêng Wêlandi ingkang jênêngi kalih, satunggal tuwan residhèn. Kalih tuwan asistèn ing Sêmawis. Kalihipun, para agêng Jawi ingkang jênêngi, sakawan. Pangeran Ariya Prawiradiningrat ing Kêndhal, Radèn Tumênggung Ariya Suradiningrat, Sêmawis. Radèn Tumênggung Ariya Citrasoma ing Jêpara, Radèn Tumênggung Ariya Adinagara ing Dêmak. Wondene para dêstrik para dêmang, para kêpala, dipun antawis Mas Pangulu Imam wolung atus. Para tuwan-tuwan sarip, koja utawi khaji ingkang sami jumurung dêdonga antawis sèwu, wondene tiyang Jawi ingkang sami dhatêng, sumêdya ngalap barkah, dêdonga ing dintên Akhad punika sampun botên kenging kauntawis. Awit sangking agêng kathahipun, ing tiyang ingkang sami dhatêng. Wondene mênggah dandosan [dando...]
[...san] masjid ingkang warni kajêng-kajêng, molo dhadha pêksi, saka-saka, sunduk-sunduk, blandar-blandar, takir-takir, usuk-usuk, punika kawula priksani, kalihan adhimas Tuwan Khaji Khamjah. Mênggah pêningal kawula kalihan adhimas, utawi kănca sadaya, sampun risak sadaya, lajêng kawula pitakèn dhatêng mas pangulu saha dhatêng kănca êbas, kang nama Pak Sarimin. Mênggah dandosan masjid wau sadaya, ingkang têksih kenging kaangge, utawi ingkang sampun botên kenging kaangge malih, wangsulanipun Mas Pangulu Imam, kalihan kănca êbas wau, mênggah dandosan masjid ingkang têksih kenging kaangge, satunggal molo, kalih saka guru sêkawan, saka pênanggap têngah ingkang têksih kenging dipun angge, kawêtawis amung sakawan. Saka pênanggap ngandhap piyambak, kawêtawis ingkang têksih kenging dipun angge, amung kalih, mênggah sunduk- sunduk kawêtawis, botên kangge sadaya, awit sampun pêthot purusipun sadaya, blandar-blandar kawêtawis amung kalih ingkang têksih kenging dipun angge, takir-takir kawêtawis inggih amung kalih, ingkang têksih kenging dipun angge, usuk-usuk kawêtawis ingkang têksih kenging dipun angge, sapratigan. Wondene sirap sampun sami risak sadaya.
Wangsulanipun Mas Pangulu Imam, kalihan kănca êbas, sêmantên wau kajawi sangking karsanipun Tuwan Pan dêr Ruwèk bas Wêlandi, ing dintên punika kèndêl botên nyambut damêl. Amargi Tuwan Pan dêr Ruwèk wau dèrèng dhatêng, saha bêkakas kajêng dèrèng wontên.
Sinêrat ing dintên Kêmis wulan sanga likur Jumadilawal taun Jimakir ăngka 1770.
Panagari Dêmak.
1 | pandonga. (kembali) |