Jayaendra, Mangkudipura memeriksa Sasemita, 20 September 1842
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Pernyataan pembelaan diri dari Sasemita dari Kaponan daerah Sragen dan Setrawijaya dari Pengkok juga wilayah Sragen, yang dihukum karena dinyatakan sebagai pelaku perampokan. Mereka berdua berani dihadapkan dengan orang-orang yang memang sebagai pelaku perampokan di rumah Tuan Muser di Batu wilayah Sragen, bahwa mereka benar-benar bukan pelakunya dan tidak merampok.
Ing dintên Slasa kaping 15 wulan Ruwah taun Jimakir, ăngka 1770.
Kula Mas Ngabèi Jayaendra, kalihan Mas Ngabèi Mangkudipura, amrisani tiyang pasakitan Sasêmita, aturipun ing ngandhap punika.
1. Atur kawula Sasêmita, ngumur kula 27 taun. Griya kawula ing dhusun Kaponan tanah Sokawati, kawula kadangu sababipun kula kabêsta, katêrka tumut angècu griyanipun Tuwan Musêr ing Batu tanah Sokawati, ananging kawula botên rumaos yèn atumuta angècu utawi kawula botên wuninga tiyang satunggil-tunggilipun ingkang ngècu Tuwan Musêr wau, wondene ingkang nyêpêng bêsta kula punika, rêdi kula ing Sokawinangun Radèn Răngga Kartawirya, panyêpêngipun pangajêng kula dipun tibali[1] dhatêng ing Sokawinangun, badhe kajak nyêpêngi tiyang durjana, wusona kawula piyambak ingkang kacêpêng mênawi tiyang durjana ingkang ngècu Tuwan Musêr sampun wontên ingkang kacêpêng, kawula
gêdugi kaabêna tiga, yèn têmênipun kawula botên tumut. Punapa malih kapriksa ing dhusun. Mênawi kawula ngantosa anglampahi pandamêlan awon, ngècu utawi begal. Namung punika atur kawula dene kawula punika tiyang tani, damêl kula têgil sabin.
2. Atur kawula pun Sêtrawijaya, ngumur kula 28 taun. Griya kula ing dhusun Pekok.[2] Tumut Tuwan Kasprê ing Munggur, kawula kadangu sababipun kula kabêsta, katêrka tumut angècu griyanipun Tuwan Musêr ing Batu tanah Sokawati, ananging kawula botên rumaos yèn atumuta angècu, utawi kawula botên wuninga tiyang satunggil-tunggilipun ingkang ngècu Tuwan Musêr wau, wondene ingkang nyêpêng bêsta kula punika, rêdi kula ing Sragèn anggènipun nyêpêng kula wau inggih wontên griya kula ing Pekok, mênawi tiyang durjana ingkang ngècu Tuwan Musêr wau, wontên ingkang kacêpêng kawula inggih gêdugi kaabêna tiga, yèn têmênipun [tê...]
[...mênipun] kawula botên tumut. Punapa malih kapriksa ing dhusun. Mênawi kawula ngantosa nglampahi pandamêlan awon, ngècu utawi begal. Namung punika atur kawula, dene padamêlan kawula namung tani têgil utawi sabin.
1 | timbali. (kembali) |
2 | Pengkok (dan di tempat lain). (kembali) |