Ki Nurya kepada Raden Mas Riya Purwadiningrat, Raden Tumenggung Amongpraja, 2 Februari 1842
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Ki Nurya tidak menerimakan diri dan minta pengadilan untuk membantu mengembalikan keris lengkap dengan perabotan miliknya, dari Mas Nganten yang mengambil tanpa seijinnya. Ketika itu Ki Nurya didatangi tamu Sakrama, isterinya dan Mas Nganten dalam acara minta diajari sholat, tetapi ketika Ki Nurya sedang wudhu (mengambil air akan sholat), keris miliknya diambil dan dibawa pulang, diminta kembali tidak boleh, padahal keris dan perabotannya itu seharga Rp. 70 keton.
Atur kawula Ki Nurya: griya kawula ing kalurahan bawah ing Sêdhahmirahan, golongan ing Purwadiningratan, katur ing kangjêng parentah agêng pasowan mangu kapatihan, dènmas Riya Purwadiningrat, Radèn Tumênggung Amongpraja, ing ngandhap punika atur kawula, kala ing dintên Akad kaping 23 wulan Jumadilakir ing taun Je, ăngka 1768.
Sarêng wanci bakda Ngisa kula kêtamuan tăngga kawula awasta pun Sakrama, kalih anakipun mantu awasta Mas Ngantèn kimawon, inggih sami tunggil griya pun Sakrama kalih Mas Ngantèn wau, tiga kang èstri, sami dhatêng griya kawula, sami anêmbung ningali dhuwung kula, tiyang tiga èstri wau, sami anêmbung nêdha wulang sahadat utawi lampahipun tiyang salat, sarêng wanci tambur enjing kula mêndhêt toya wulu, Mas Ngantèn wau lumêbêt ing jromah, lajêng mêndhêt dhuwung kawula, sasaput prantosipun dhapur sêmpana blandhongan, tangguh Pajajaran sura Pakgêlen pamor bêras wutah mawi pamor sumbêr, kandêlan sêlaka pêthak wrat 3 ringgit, dhapur balewah rêgi 3 ringgit, sarungan kajêng randhu jêne dhapur ladrang, ukiran kajêng tayuman dhapur rambutan, mêndhak mas dhapur jawan wawrat sêka, rêgi 5 ringgit, gunggung sadaya rêgi 70 kêton, dhuwung kawula wau lajêng dipun bêkta mantuk sarta lumajêng, kula tututi badhe kula têdha sarêng dumugi lataripun pun Sakrama wau, kula dipun jêgati,[1] dhatêng pun Sakrama jalêr èstri sarta kula dipun rangkul, sarta sami wicantên, yèn dhuwung nika digawa Mas Ngantèn, kula kang nanggung, lajêng kawula said dhatêng tăngga têpalih kawula, sarêng kula têdha sapindhah kaping kalih, ngantos kaping pintên-pintên, botên suka tansah dipun ubêng-ubêng kimawon, ngantos sapunika, gadhahan kawula dhuwung wau,
ingkang dipun pêndhêt kang nama Mas Ngantèn ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, kawula botên suka botên narima, kawula suwun ing adil kang sarta ing kukum, dhuwung sasaput prantosipun ingkang rêgi 70 kêton, dipun pêndhêt kang nama Mas Ngantèn wau, kawula suwun mantukipun dhatêng ing kawula malih, amargiya saking pangwasanipun ing parentah agêng bale mangu kapatihan.
Kala katur, Rêbo kaping 21 wulan Bêsar ing taun Wawu, ongkaning[2] warsa 1769.
1 | cêgati. (kembali) |
2 | angkaning. (kembali) |