Kiyai Ngabei Patrabasanta kepada Johanis Agustis Desenje, 8 Juni 1829
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Perjanjian tentang sewa tanah di Dohari milik Kyai Ngabei Patrabasanta oleh Tuan Johanis Agustis sebesar 320 reyal setiap tahun, dan tanah itu disewakan selama 15 tahun. Selama waktu ini tidak akan ada perubahan besarnya ongkos sewa tanah. Tanah ini akan dibikin apapun oleh Tuan Johanis, Patrabasanta tidak ikut campur. Hanya saja bila di atas tanah itu didirikan bangunan/rumah, begitu habis masa sewa, bangunan itu milik Tuan Johanis, tetapi harus dibongkar, dan beaya pembongkaran oleh Tuan Johanis sendiri. Tetapi bila di atasnya ditanami pohon besar/tahunan, padahal waktunya habis, maka tanaman itu adalah hak milik Patrabasanta, dan Tuan Johanis tidak boleh mengambil atau merusaknya. Juga tidak dibenarkan apabila hal itu dikaitkan dengan pihak yang dipersulit, apalagi Tuan Johanis berusaha melibatkan orang-orang yang jahat untuk mengancam keselamatan Patrabasanta.
Punika sêrat kula pratăndha Kiyai Ngabèi Patrabasănta abdi dalêm panèwu gamêl, kacêpênga dhumatêng Tuwan Johanis Agustis Dhesênje.
Mila kula anyêpêngi sêrat kula pratăndha, dene Tuwan Johanis amaosi gêgadhuhan kula siti dhusun ing Gondhang kawêdalan satabonipun cacah damêlipun tiyang wolu, tanah ing Dhohari, kapaosan tigang atus kalih dasa reyal ngênêm likur wang, ing dalêm sataun. Lumados kaping kalih, ing garêbêg Mulud satus sawidak reyal, ing garêbêg Siyam satus sawidak reyal, pêjah samukawis namung gêsang krig aji (pagunungan), kalih yèn garêbêg utawi bibrah griya pajang pasisiran sasamènipun lumadosa tiyang wolu, dene jangji kula lamènipun gangsal wêlas taun, dening salêbêting gangsal wêlas taun siti kalih jung wau kajênanga kaebora dhatêng Tuwan Johanis. Kula sampun botên anguningani, sarta kula botên kenging yèn angindhakna paosipun ing salêbêting gangsal wêlas taun. Kalih dening ing mangke kula sampun tampi yatra kêncengan benjing paosipun ing ngajêng satêngah taun kathahipun satus sawidak reyal ngênêm likur wang, dening panyêngklongipun kêncengan wau, benjing ngajêngakên temponipun kirang satêngah taun. Ananging ingkang botên tumut ingkang kajawi siti kalih jung wau, pun Jaka ungak sabau, pun Pakèl sabau, padhukuhan pun Kêrêp ingkang rumêksa pasareyan têtêpa dados têdhinipun lami, kalih semahanipun sadhèrèk kula kawan pemahan sarta palakirnanipun, punika sami mintaa atas, mawunga[1] wontên kula piyambak, kados mêkatên malih upami Tuwan Johanis adamêl griya tembok utawi gêdhong sapanunggilanipun, măngka griya wau botên kausung utawi botên kabibrah, ing sasampuning gangsal wêlas taun, punika kula botên kenging yèn kaprêdia anglintoni ing wragadipun. Sanajan kabibraha utawi kausunga, mênggahing bau suku inggih angamungna Tuwan Johanis piyambak, wondening mênawi Tuwan Johunis[2] ananêm têtanêman kang têtaunan, kados ta kopi utawi marica sasamènipun, yèn sampun tempo gangsal wêlas taun, [ta...]
[...un,] punika botên kenging Tuwan Johanis, yèn anêdhaa lintu ing wragadipun dhatêng kula, sarta botên kenging angrisaka tanêman wau, atas punika tilara kadarbea dhatêng kula, mênggahing prajangji kula malih dhumatêng Tuwan Johanis, ênggènipun maosi siti gêgadhuhan kula kalih jung wau, botên kenging yèn angrisaka dhusun-dhusun punapa dening angathèrakên paos utawi andêdangu paos, kados ta paos Mulud kantos katanggalan Rabingulakir, kados ta paos Siyam, kantos katanggalan Dulkangidah, punika amêsthi botên kenging, ingkang saupami Tuwan Johanis purun-purun anêrak ing jangji kula ingkang kasêbut ing ngajêng wau sêdaya, sanajan dèrènga dumugi ing jangji gangsal wêlas taun, amêsthi kenging siti dhusun kula kalih jung wau kula dhèdhèl tanpa prakawis siti mantuk dhatêng kula, yatra kêncengan kula damêl ical, Tuwan Juhanis botên kenging amrakawis sabab punika wau amêsthi narimah, dene ing mangke Tuwan Johanis atampi siti cêmêngan. Benjing dumugi temponipun gangsal wêlas taun siti mantuk dhatêng kula malih tanpa prakawis warni cêmêngan. Kalih benjing samangsanipun ngajêngakên tempo botên kenging Tuwan Johanis, yèn ananêma têtanêman wontên sabin ingkang kalangkung umur tigang wulan. Yèn saupami katanggêlan tanêm tuwuhipun ingkang sampun kalêrês gadhahanipun Tuwan Johanis, kados ta pantun, utawi têbu sasamènipun, kula inggih angantosakên ing sarêsikipun, dening ingkang mungêl sêrat punika, yèn wontên apêsipun salah satunggil, kula kalih Tuwan Johanis, inggih aliwarisipun ingkang andugèkna, kalih dening wêwalêr kula dhumatêng jêngandika Tuwan Johanis, sampun purun-purun angingu utawi angubungi tiyang durjana, lan sêdaya kang kalêbêt padamêlan awon, sampun purun anglampahi, ingkang saupami purun anglampahi, amêsthi jêngandika amanggih dêdukaning parentah agêng, poma-poma sarupaning wong rong jung ing Gondhang wêdêlan kabèh, padha pêkênira[3] manut pituruta marang parentahe Tuwan Johanis Agustinis Dhesênje, taha yèn tan manut pituruta atanapi yèn tan angèstokna, [angè...]
[...stokna,] tamtu uga yèn pakênira padha nêmu bilai kang luwih bangêt.
Sinêrat ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping nênêm, wulan Bêsar ing taun Ehe angkaning warsa 1756.
1 | amunga. (kembali) |
2 | Johanis. (kembali) |
3 | pakênira. (kembali) |