Laporan Mas Ngabei Jayasatata dkk., 15 Desember 1841
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Mas Ngabei Jayasatata, Mas Ngabei Sumaprana, beserta abdi dalem kori sarayuda dan abdi dalem punggawa mantri, kadipaten prangwadanan., yakni Mas Ngabei Jayaprawita dan Mas Ngabei Secadikrama memberikan laporan atas hasil pemeriksaannya terhadap orang-orang yang dianggap tahu atas kematian Mertamenggala putera Ki Mertadangsa yang dibunuh oleh Ki Singawijaya bekel Kalongan. Mereka yang diinterogasi, memberikan kesaksian dengan berani mengangkat sumpah.
Atur kawula abdi dalêm Mas Ngabèi Jayasatata, kalihan abdi dalêm Mas Ngabèi Sumaprana, saha prikănca kori sarayuda, akanthi abdi dalêm pugawa[1] mantri, ing kadospatèn kaprabon prangwadanan. Mas Ngabèi Jayaprawita, kalih Mas Ngabèi Sêcadikrama, katur ing parentah pradata dalêm. Radèn Tumênggung Amongpraja, kawula sampun sami kautus ingandikakakên titipariksa rajapapêjah, dhumatêng kagungan dalêm siti dhusun ing Jêthak tanah Sokawati, padhêkahanipun ing Kuwayangan. Gêgadhuhanipun Radèn Tumênggung Kartadipura, mênggah lampah kawula anjujug ing griyanipun Ki Mêrtadăngsa, tiyang alit ing Jêthak. Sadhatêng kawula angungalakên têngara titir, andhatêngakên rêdi saha tiyang parapat mănca gangsalipun ing Jêthak wau, utawi tiyang siti dhusun ing Jêthak sadaya, sasampunipun pêpak lajêng kawula priksani aturipun saking satunggil-tunggil. Mênggah atur pratelanipun ing ngandhap punika.
Ing dintên Rêbo kaping 2 wulan Dulkangidah ing taun Wawu ăngka 1769.
1. Atur kawula Ki Dipalêsana ing Pingin. Rêdi panatusipun Radèn Răngga Kêrtawirya ing Sokawinangun. Kawula kapriksa ing parentah, kala malêm Jumuwah tanggal kaping 5 wulan Ruwah ing taun Be ăngka 1768, ing wanci enjing kawula kadhatêngan utusanipun Ki Kêrtasêntika bêkêl ing Kuwayangan. Kalihan Ki Mêrtadăngsa tiyang [ti...]
[...yang] alit ing Jêthak. Têmbungipun kawula dipun undang dhatêng ing Jêthak. Sarèhning kawula sakit botên lumampah, ingkang kautus ngundang kawula wau lajêng têmbung kautus lapur utawi pisaid dhatêng kawula, mênawi Ki Mêrtadăngsa anêbut botên suka botên narima, yèn anakipun jalêr wasta pun Mêrtamênggala dipun pêjahi tanpa dosa dhatêng pun Singawijaya bêkêl Kalongan, bawah kaprangwadanan. Mênggah nalaripun pun Mêrtamênggala, nalika malêm Jumuwah kaping 5 wulan Ruwah taun Be, ing wanci bakda Ngisa ningali talèdhèk kadamêl nayuban. Griyanipun Ki Cawijaya ing Ngijo, kancanipun ningali, 1. Pun Samênggala, 2. Pun Rida, 3. Pun Busuk. Sami tiyang ing Jêthak. Sarêng wanci lingsir dalu mantuk agènipun ningali nayuban. Sarêng dumugi pigiring[2] têgil kraèn, siti dhusun ing Kalongan, bawah prangwadanan, pun Singawijaya bêkêl Kalongan wau anyapa dhatêng pun Mêrtamênggala, dipun sauri kula Mêrtamênggala Jêthak. Mantuk saking Ngijo ningali talèdhèk. Pun Singawijaya lajêng nyênjata dhatêng pun Mêrtamênggala kenging tatu ngandhap susu kang têngên lajêng pêjah, pisaidipun Mêrtadăngsa inggih kawula tampèni, kalihan kang kautus lapur utawi pisaid wau kawula wêling, Ki Kêrtasêntika kalih pun Mêrtadăngsa ing Jêthak, kula kèn bodhokakên punapa mupakatipun parapat sakiwa têngênipun ing Jêthak.
Sarêng antawis tigang dintên alêrêsi[3] dintên Ngahad, kawula dipun undang malih dhatêng Ki Mêrtadăngsa ing Jêthak. Kawula lumampah, Ki Kêrtasêntika kalih Ki Mêrtadăngsa lapur dhatêng kula, yèn badhe utusan anglampahakên gugad, dhatêng Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Ingkang kalêrês lumampah nancêbakên gugad prikănca prapat. Sarêng dumugi ing Kalongan, wangsulanipun Ki Singawijaya bêkêl Kalongan kagugad botên tadhah, sayêktos nalika malêm Jumuwah wanci lisir [4] dalu angsal pandung mandungi krai, sampun kasaidakên rêsik dhatêng prapat. Sampun botên gadhah prakawis.
Mênggah kawula kadangu alunipun Ki Mêrtamênggala kang pêjah punika, tiyang sae damêlipun tani kalih grami, amung punika atur kawula.
2. Atur kawula Mas Dêmang Păncatanuwan. Ing Suruh mănca gangsal kaprênah lèr saking ing Jêthak. Kawula kadangu ing parentah, kala ing dintên malêm Jumuwah kaping 5 wulan Ruwah taun Be ăngka 1769, kawula ing wanci enjing mirêng titir, kawula lajêng tandang dhatêng ing Jêthak. Griyanipun Ki Mêrtadăngsa, prapat sampun kapanggih pêpak. Punika Ki Mêrtadăngsa ing Jêthak kalih Ki Kêrtasêntika bêkêl ing Kuwayangan, punika gadhah têmbung dhatêng kula utawi dhatêng prikănca prapat sadaya, anêbut botên suka botên tarima, yèn anakipun Ki Mêrtadăngsa kang wasta pun Mêrtamênggala, kinaniaya dipun pêjahi tanpa [tan...]
[...pa] dosa dhatêng Ki Singawijaya bêkêl ing Kalongan bawah prangwadanan. Mênggah nalaripun kala malêm Jumuwah tanggal kaping 5 Ruwah taun Be wau ing wanci bakda Ngisa pun Mêrtamênggala wau ningali talèdhèk kadamêl nayuban dhatêng ing Ngijo ing griyanipun Ki Cawijaya, sandhanganipun bêbêd tuwuhwatu[5] sabuk tuwuhwatu, rasukan sêkar têki, ikêt bathik latar cêmêng, dhuwung dhapur brajol. Kacu kêmbaya, gamanipun pêstul. Ngangge kêrtêp sêlaka, kancanipun ningali tiyang sêpuh, 1. wasta pun Samênggala, jaka, 1. wasta pun Busuk. 3. pun Mrida, sarêng wanci ngajêngakên bangun rencangipun tiga wau sami mantuk sanjang dhatêng Kêrtadăngsa, yèn anakipun pun Mêrtamênggala pêjah, rencang tiga wau kawula tanggap kalih prikănca prapat. Wanci ngajêngakên bangun wau criyos tiyang tiga wau sami mantuk saking taledhekan kalih Ki Mêrtamênggala, sarêng dumugi têgil pinggiring kraèn kasapa dhatêng bêkêl Kalongan kang wasta Singawijaya, pun Mêrtamênggala inggih sumaur, nanging pun Singawijaya lajêng nyênjota dhatêng pun Mêrtamênggala, tatu mimis ngandhap susu kang têngên. Lajêng pêjah, lajêng Ki Kêrtasêntika kalih Ki Mêrtadăngsa sarêmbag kalih kawula utawi prapat sadaya, mugi sami kapriksaa wujudipun idhisin.[6] Lajêng sami kapriksa ing kathah, sayêktos pun Mêrtamênggala pêjah kapanggih wontên sakilèn kraèn pinggir kalèn iring kang lèr siti ing Kalongan. Mênggah
tilasipun anggènipun pêjah wontên satêngah kraèn. Ananging têgil kraèn wau botên mawi dipun pagêri, mênggah jisim kupingipun mêntas kairis kang satunggil kang kiwa, dening sandhanganipun ingkang têksih sruwal lurik kalih rasukan sêkar têki kantun rangkêpanipun pêthak. Sabuk kantun rangkêpanipun bathik, liya punika sampun botên wontên.
Dene rêmbagipun ing prapat kathah, Ki Singawijaya bêkêl Kalongan wau sae dipun utusi, lajêng utusan dhatêng Kalongan. Sarêng dumugi wangsulanipun Ki Singawijaya dipun undang botên purun. Sawab kula ewuh bakal lumêbu marang nêgara, nuntên Ki Kêrtasêntika kalihan Ki Mêrtadăngsa, sarèhning prapat wau sadaya sami sampun mupakat amêstani, pêjahipun pun Mêrtamênggala wau têtêp kinaniaya dhatêng Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Tan trimahipun Ki Mêrtadăngsa lajêng bucal pisaid. Inggih katampenan dhatêng prikănca prapat sadaya, anuntên utusan malih dhatêng Kalongan anêmbung nêdha jisim. Ingkang kautus prikănca prapat. Satunggil Ki Sutadrana ing Jêthak Wetan. Kalih Ki Wăngsawijaya ing Pandhês. Kanthi tiyang alit kancanipun Ki Mêrtadăngsa ing Jêthak. Sarêng dumugi Kalongan, Ki Singawijaya botên kapanggih ing griya lumêbêt dhatêng nagari ingkang ngulungakên jisim wau bêkêl sisihipun Ki Singawijaya, wasta Ki Tirtawijaya sami bêkêl ing Kalongan. Jisim lajêng kabêkta mantuk dhatêng
ing Jêthak. Lajêng dipun saèni kapêtak, mênggah nalika sami kawula priksani, gènipun ing jisim wau bagor isi krai botên wontên.
Kalihan alunipun pun Mêrtamênggala kang pêjah punika, kawula utawi kănca prapat sadaya, sami amêstani tiyang sae, damêlipun tani kalih grami, amung punika atur kawula, kawula purun nyanggi supaos imbaripun.
3. Wah aturipun Ki Kêrtanaya, bêkêl ing Pundhak bawah Kasunanan. Prapat kaprênah kidul kilèn saking dhusun Jêthak.
4. Aturipun Ki Jadrana bêkêl ing Ngablak. Bawah Kasunanan. Prapat kaprênah wetan.
5. Aturipun Ki Sêtramênggala bêkêl ing Kodhokan. Bawah Kasunanan. Prapat kaprênah wetan.
6. Aturipun Ki Singadrana, bêkêl ing Jêthak. Bawah kaprangwadanan. Prapat kaprênah wetan.
7. Aturipun Ki Singalêsana, kapala ing Ngijo bawah kaprangwadanan. Prapat lèr.
8. Aturipun Ki Wiradrana, ing Landheyan. Bawah Kapatihan. [Ka...]
[...patihan.] Mănca gangsal kaprênah lèr.
9. Aturipun Ki Jagaduta bêkêl ing Ngijo, bawah kaprangwadanan. Prapat kaprênah lèr.
10. Aturipun Ki Wiryamênggala, ing Papahan. Prapat kaprênah kilèn.
11. Aturipun Ki Sutaprana ing Jêthak kang wetan.
12. Aturipun Ki Sêtradrana bêkêl ing Jumogan. Prapat kaprênah wetan.
13. Aturipun Ki Kriyadrana, bêkêl ing Manggung, prapat kaprênah kidul wetan.
14. Aturipun Ki Jadrana bêkêl ing Cangakan. Prapat kaprênah wetan.
15. Aturipun Ki Brajakarma, bêkêl ing Kayuapak. mănca gangsal kaprênah lèr.
16. Aturipun Ki Singanăngga bêkêl ing Jati, bawah ing Mangkuprajan. Prapat kaprênah kilèn.
17. Aturipun Ki Mêrtawijaya bêkêl ing Sarabaon,
prapat kaprênah kidul kilèn.
Mênggah atur kawula saprikănca kawula tiyang pitulas punika, sami kados aturipun Mas Dêmang Păncatanuwan. Ingkang sampun kasêratan ing ngajêng wau sadaya, saha kawula purun supaos imbaripun. Sêdaya wau inggih lajêng sami kaimbar.
1. Atur kawula pun Samênggala, tiyang alit ing Jêthak. Kawula kadangu ing parentah, kala malêm Jumuwah tanggal kaping 5 Ruwah taun Be ăngka 1768 ing wanci bakda Ngisa kawula sami ningali talèdhèk dhatêng ing Ngijo, ing griyanipun Ki Cawijaya, kănca kawula ningali, 1. Pun Mrida, 2. Pun Busuk, 3. Pun Mêrtamênggala, anakipun jalêr Ki Mêrtadăngsa ing Jêthak. Samantuk kawula saking ningali talèdhèk, ing wanci lingsir dalu, dumugi ing têgil siti ing Kalongan, kalihan kraèn anggèn kawula langkung kaprênah wetanipun. Pun Tamênggala kasapa dhatêng pun Singawijaya, Mêrtamênggala wau inggih anyauri, kula tiyang Jêthak mantuk saking ningali talèdhèk. Ing griyanipun Ki Cawijaya Ngijo, pun Mêrtamênggala lajêng kasênjota dhatêng Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Kenging tatu mimis sangandhap susu kang têngên mimis angrêm Tamênggala lajêng pêjah rêbah ngênggèn rencangipun Ki Singawijaya kala nyênjota wau tiyang sêkawan. Kawula sami lumajêng mantuk sanjang dhatêng Ki Mêrtadăngsa, yèn pun Tamênggala pêjah kasênjota dhatêng
Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Ki Mêrtadăngsa lajêng nuwèni anakipun dhatêng têgil. Inggih sayêktos pêjah, sandhanganipun, bêbêd tuwuhwatu, sabuk tuwuhwatu, sruwal lurik, ikêt bathik latar cêmêng, rasukan sêkar têki, dhuwung dhapur brajol. Kêrtêp sêlaka, gamanipun kêstul. Rangkêpan rasukan pêthak. Rangkêpan sabuk sinjang bathik. Kacu kêmbaya abrit. Dèntên têgil kraèn wau botên mawi kapagêran. Pun Tamênggala wau kawula botên uninga yèn ambêktaa bagor, saking griya inggih botên bêkta, mênggah kawula kadangu alunipun Ki Mêrtamênggala punika, tiyang sae damêlipun tani kalih grami, amung punika atur kawula purun supaos imbaripun lajêng kaimbar.
2. Wah aturipun pun Mrida, sami kalih aturipun Samênggala, de.
3. Pun Busuk ing sapunikanipun sampun kesah saking Jêthak.
Wondening pun Nalatruna ing Ngijo, kala kawula ningali ringgit sami kawula ampiri sakănca kawula tiyang 4, sapunika sampun kesah saking Ngijo, griya wontên tanah Bêkonang.
1. Atur kawula Ki Kêrtadăngsa bêkêl Jêthak. Padhêkahanipun [Padhêkah...]
[...anipun] ing Kuwayangan. Kawula kadangu ing parentah, kala malêm Jumuwah kaping 5 Ruwah taun Be, inggih sayêktos pun Mêrtamênggala ningali ringgit. Kancanipun ningali lare kalih ti[7] sêpuh satunggil, wasta Samênggala sami tiyang Jêthak. Sarêng ngajêngakên bangun angsalipun sami ningali ringgit saking Ngijo griyanipun Cawijaya, pun Samênggala, 2. pun Mrida, 3. pun Busuk sami dhatêng sanjang dhatêng Ki Mêrtadăngsa utawi dhatêng kula, mênawi pun Mêrtamênggala sapunika pêjah kasênjota dhatêng pun Singawijaya bêkêl Kalongan. Kula kalih Ki Mêrtadăngsa tuwi inggih sayêktos pêjah pun Mêrtamênggala, wontên sapigiring têgil. Kawula lajêng ngundang bêkêl kawula ing Kuwayangan Ki Kêrtasêntika, sadhatêngipun lajêng rêmbag ngungalakên titir sarta bucal pisait.
Anjawi saking punika atur kawula sadaya sami kalih Ki Păncatanuwan. Dèntên kuping kala kawula tuwi kalih bapakipun Mêrtadăngsa têksih wêtah, jisimipun Mêrtamênggala wau, amung punika atur kawula kawula purun ngurêbi supaos imbaripun.
2. Atur kawula Ki Sêtrayuda, tiyang alit ing Jêthak,
3. Atur kawula Ki Kêrtalêsana,
4. Atur kawula Ki Singawijaya,
5. Atur kawula Ki Wiryadrana,
6. Atur kawula Ki Kriyadăngsa,
7. Atur kawula Ki Satika, atur kawula tiyang alit kalêbêt bêkêl kawula Ki Kêrtadong[8] Jêthak. Sami purun nyanggi imbaripun sadaya, lajêng kaimbar.
Priksan ing Jêthak.
1 | punggawa. (kembali) |
2 | pinggiring. (kembali) |
3 | anglêrêsi. (kembali) |
4 | lingsir. (kembali) |
5 | tuluhwatu (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | dhisin. (kembali) |
7 | tiyang. (kembali) |
8 | Kêrtadăngsa. (kembali) |