Laporan Raden Ayu Rangga, 31 Maret 1799
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Perjalanan R. Ayu Rangga dari Yogyakarta akan menghadap Kangjeng Ratu Ageng, ditengah jalan dirampok oleh Cina Sengkek. Dia dimintai uang, tetapi tidak diberi, Sengkek marah-marah dan malah menganiaya Jayapuspita (anak R. Ayu Rangga). Barang-barang milik R. Ayu Rangga diambil dijadikan bantal. Setelah teman-temannya datang, barang-barang itu ditunjukkan kepada R. Ayu Rangga, tetapi sudah tidak lengkap lagi, katanya nanti setelah sampai di pelabuhan. Setelah sampai di pelabuhan, diminta, diberikan tetapi R. Ayu Rangga tidak mau menerima, sebab masih kurang. Adapun barang-barang yang dirampok itu antara lain: tempat pekinangan, ali-ali, batik, dan sebagainya.
Kawula Raden Ayu Rănga,[1] kala kula pinariksa Kangjêng Bêndara Rahadèn Răngga Prawiradirêja, punika atur kawula amarêngi ing ditên Sêtu, tanggal ping tiga likur wulan Sawal, ing taun Jimawal, wanci lingsir wetan. Kula saking Ngayogja sowan ing Kangjêng Ratu Agêng, saantuk kula, sarêng kula dumugi wontên ing kori pun Găndasuli, gadhahan kula bêbêtan, dipun akrak ing Cina ing Găndasuli, namanipun pun Sêkèk.[2] Sarêng gadhahan kula dipun dhudhahi, kula dipun têdhani beya, nanging kula botên anyukani, wicantên kula, aku Sêngkèk kajaluki beya, aku dhagang layar ora, aku liwat bandar ngêndi-ngêndi, ora nana ngarubiru, wicantênapun[3] pun Sêngkèk, buh aku ora idhêp. Kasimèm misuh akathah-kathah, nutên dipun sauri dhatêng anak kula pun Jayapuspita, wicantênipun sapunika, iku priye Sêngkèk, bok aja mêmisuh kaya mangkono, ana padu-pinadu, nutên pun Sêngkèk wicantênipun, apa cêlathu, kowe wani ngaku-aku măngsa wêdi, lajêng mêdhun ambithi dhatêng anak kula, lajêng dipun tampèni, kula anyapih sarencang kula, sarêng pasah pun Cina ngunus pêdhang, kula mêdal sarencang kula, kalih anak kula, pun Jayapuspita, nutên pun Sêngkèk nusul dhatêng griya, angukupi dandosan kula sêdaya, lajêng tilêman. Dandosan dipun damêl bantal. Sarêng dhatêng rencangipun kula dipun udang,[4] sarta dipun dêdahi gadhahan kula, wicantên kula iku Sêngkèk masih kurang cacahe, kanthong kang ora nana, isi ali-ali, kèhe rongpuluh sêle, suwêng sêrakit, barisum ana bumbung, agris siji, kêton siji, wangsulanipun rencangipun, gampang mêngko nèk têka bandar, kula inggih kèndêl, lajêng dipun kèn dhatêng pondhokan, sarêng bandaripun dhatêng, batên dipun undang, kantos ingjêng[5] kula lumampah dhatêng griyanipun [griya...]
[...nipun] bandar, sarta gadhahan kula kula têdha, inggih dipun sukakakên. Nanging kula botên nampèni, ingkang mawi gadhahan kula têksah[6] kirang, wicantênipun sakèh-kèhe gampang, yèn ana layange ki dhukun. Ora ilang duwèkmu, kula inggih muphakat kalih sêpuh-sêpuh, tinggo nusuli, kula inggih lajêng mantuk. Wondeni[7] pratelanipun gadhahan kula ingkang dipun akrak, punika pratelanipun. Awirni[8] gagragan pakinangan silih asih sêgagragan. Congongipun kêkalih cêpuk kêkasih, bathok satunggil. Apangaos satus reyal anggris. Awirni sêngkang jêne sarakit. Saka sungu pupuk jene[9] pênunggul itên[10] sirakit.[11] Apangaos sèkêt reyal anggris. Awêrni ali-ali agêng alit kathahipun kalih dasa sêle, wisoca sêdaya, ali-ali ikang[12] songa sasêle, apêngaos satus reyal agris.[13] Ali-ali ingkang bêrkatan, soca widuri sasi sasêle, apangaos kalih atus anggris. Awirni sum wadhahipun bubung, [14] apangaos sêlawe reyal anggris. Awirna[15] sinjang wiyar dhasar kasa bathik sawo sêmpal, salirang, apangaos kawan têngah anggris. Sinjang wiyar ingkang dhasar jawi nêm lirang, bathik têrutum[16] salirang, kêndhagan salirang, gêrompol salirang, tambal salirang, kêmbang banci salirang, lurik kêmasan salirang, apangaos amitung sêka salirangipun. Rasukan sêmbagi satunggil, kancingipun jêne kathahipun kawan likur iji, wawrat sêtail. Saking rasukanipun apangaos pitu likur reyal anggris. Rasukan wulung satunggil. Apêngaos sareyal, awirni sinjang ciyut nêm lirang, bathik mega mêndhung sêlirang, pêlabuan salirang, sawat latar pêthak salirang, sawat latar cêmêng salirang, apangaos anyareyal salirangipun. Wah sinjang tuwuh watu salirang, badhe pola salirang, apangaos gangsal sêka, wah awirni kampuh dhasar
kasa, bathik capaka mulya satunggil. Udhêt pêthak dhasar kasa, apêngaos kalih wêlas reyal agris. Awirni dhêsthar sakêbar apêngaos kalih reyal. Wah lurik badhe rasukan tigang lirang, apêngaos nêm sêka, awêrni traos kawan banon. Apêngaos anigang reyal sabanonipun. Awirni rukuh, dhasar jawi satugil.[17] Apêngaos sareyal. Wah kêlasa pênjalin kêkalih apêngaos tigang reyal. Cèrèt têmbaga satugil, apêngaos sareyal. Kêntèl tigang lirang, apêngaos sareyal, awirni kêton satunggil. Agris satunggal. Gêndhis rosan kalih kirnêng[18] pêngaos kali[19] uwang. Gugung gadhahan kula sêdaya, kalêbêt agris kêton, dados apêngaos gangsal atus sawidak reyal anggris langkung kalih uwang, punika ingkang dipun akrak dhatêng pun Sêngkèk. Wondening gadhahan kula ingkang ical, ingkang botên dipun akêni, dhatêng pun Sêngkèk, punika pratelanipun. Ingkang wirni sêngkang sungu, pupuk jêne pênunggul itên, apêngaos tigang dasa anggris. Sêrakit. Wah ingkang wêrna ali-ali, jêne kathahipun kalih dasa sêle, amawi soca sêdaya, ikang sadasa sêle, apêngaos satus reyal. Ingkang sasêle apêngaos kalih atus reyal. Ingkang wêrni agris satugil. Ingkang wirni kêton satunggil. Ingkang wirna sum apêngaos sêlawe reyal. Ingkang wirni kêton dipun panggih tiyang dhusun lajêng dipun pêndhêt. Dapun[20] têdha botên suka, gugung apêngaos tigang atus sèkêt nêm reyal. Ingkang punika kula botên suka, botan[21] trima, icale gadhahan kula ingkang dipun pêndhêt, dhatêng pun Sêkèk. Sarta anak kula pun Jayapuspita, dipun bithèni, kula têdha lêrêsing [lêrê...]
[...sing] parentah, kaping kalih ing adil. Kaping tiga ing kukum. Antukipun gadhahan kula sêdaya, sarta kula purun imbar supaosipun.
1725
1 | Răngga. (kembali) |
2 | Sêngkèk (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | wicantênipun. (kembali) |
4 | undang. (kembali) |
5 | enjing. (kembali) |
6 | têksih. (kembali) |
7 | Wondening. (kembali) |
8 | Awarni (dan di tempat lain). (kembali) |
9 | jêne. (kembali) |
10 | intên. (kembali) |
11 | sarakit. (kembali) |
12 | ingkang (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | anggris (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | bumbung. (kembali) |
15 | Awarni (dan di tempat lain). (kembali) |
16 | têruntum. (kembali) |
17 | satunggil (dan di tempat lain). (kembali) |
18 | krênêng. (kembali) |
19 | kalih. (kembali) |
20 | Dipun. (kembali) |
21 | botên. (kembali) |