Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 001–102)

Judul
Sambungan
1. Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 001–102). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
2. Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 102–199). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
3. Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 199–300). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
4. Tatacara, Padmasusastra, 1911, #176 (Hlm. 300–391). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
Citra
Terakhir diubah: 21-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prijs Franco per post f. ___

--- [0] ---

Verkrijgbaar bij het Depot van Leermiddelen te Weltevreden tegen toes van een postwissel tot genoeemd bedrag.

Sêrat Tatacara

Ngadat sarta kalakuwanipun Têtiyang Jawi, ingkang taksih lumèngkèt dhatêng gugon-tuhon

Karanganipun Ki Padmasusastra

Tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta

Pangarangipun wontên ing Nagari Batawi Nalika taun 1893

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin ing nagari Sêmarang ing taun 1911.

--- i ---

Boekoe2 ingkang kaseboet ing ngandhap poenika kenging katoembas dhateng: dhepot van leer middelen ing Batawi, Franco ing post, dene manawi kintoen arta roemijin ngangge postwissel

F. W. Winter. Tembang Djawa nganggo moesik (in herdruk) ... | Serat mitraning among tani I-XI ... f. 0,10 - f. 0,40 | Tjandra Negara. Tjarios Radèn Mas Arya Poerwa Lelana I ... f. 0,70 | Idhem Idhem Idhem II ... f. 0,66 | Poensen. Ontjèn-ontjèn I Hollandsch karakter ... f. 0,06 | Idhem Idhem II (ter perse) ... | Idhem Idhem III ... f. 0,10 | Angga Baja. Tjariosipoen Sèh Ngabdoerrahman kalian Ngabdoerrahim ... f. 1,10 | Dr. W. Palmer van den Broek. Serat Kantjil (tembang) ... f. 0,94 | Martawiata. Lajang bab pratikelé ngingoe kebo (ter perse) ... | Dari hal sakit koléra (aksara djawa) ... f. 0,09 | Wawatjan piwoelang panoelak penjakit koléra (ter perse) ... | Ng. Wira Poestaka. Tatatjara (in herdruk) ... | Mas Merta Koesoema. Pagawene goela ... f. 0,07 | Merta Atmadja. Sêrat waosan bab pamisajanipoen oelam lèpèn saha pirantosipoen ... f. 0,16 | Bab patrape wong nandoer tembako ing sawah tanah ngaré ... f. 0,04 | R. Ng. Djajapoespita. Serat Mahabharata (ter perse) ... | R. Ng. Soera di Poera. Serat dongèng awarni-warni ... f. 0,83 | M. Ng. Wira Poestaka. Serat Kantjil (tanpa Têmbang) ... f. 0,56 | R. M. Surdja-pranata. Serat Sotyo-rinontjé (ter perse).. | Koempoel, alias Mangkoeatmadja. Serat Wéddha Trikara Waloeja ... f. 0,10 | D. F. van der Pan. Serat Doer tjara ardja (ter perse) ... | Sastrawirja. Lajang watjan bab kawadjibaning moerid (ter perse) ... | R. Prawira Winarsa, aliyas R. M. Soekardi. Serat Goegon-Toehon (ter perse) ... | M. Poedja Ardja. Dongèng tjariosipoen Tiyang-sepoeh (bab ngèlmoe iladoeni) ... f. 0,12 | Darmawiata. Tjampoer-bawoer (ter perse) ...

--- ii ---

SERIE uitgaven door bemiddeling der Commissie voor Inlandsche Volkslectuur No. 2

Sêrat Tatacara

Ngadat sarta Kalakuwanipun Têtiyang Jawi, ingkang Taksih Lumèngkèt Dhatêng Gugon Tuhon

Karanganipun Ki Padmasusastra

Tiyang Mardika ingkang Amarsudi Kasusastran Jawi ing Surakarta

Pangarangipun wontên ing Nagari Batawi Nalika taun 1893

Kaêcap ing Pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin ing Nagari Sêmarang ing taun 1911.

--- iii ---

Saking supêkêtipun manah kula buwênging jagad kados sampun kèbêkan kawruh, pêpêt botên wontên sêlanipun, tumindaking angên-angên kula rêkaos kados amiyak pêpêdhut ingkang anglimputi lumahing bumi, rumaos kêsuk kados sampun botên kêduman papan, punapa ingkang kula niyati sampun wontên sarta anyêkapi, sadaya-sadaya wau sêbaranipun para kawiradya ing jaman kina 50 taun ingkang kapêngkêr, tuwuh wontên samadyaning jagad, wohipun angêmohi, nanging angèl gayuh-gayuhanipun, têtiyang Jawi botên kaconggah ngupakara sarta botên sagêd anggayuh saking tanpa sarana, têmahan dipun wakakên kemawon, wusana pinêthik sarta sinêbarakên malih dhatêng para sarjana băngsa Eropah, tuwuhipun wohing kawruh ingkang kaping kalih saya angêrda pêncar angèbêki buwana, kados ta: wontênipun Javaansch Woordenboek ngantos rambah-rambah dening tansah wêwah-wêwah, karanganipun tuwan J. F. C. GERICKE kadugèkakên dhatêng tuwan T. ROORDA. Lajêng kadugèkakên malih dhatêng tuwan A. C. VREEDE. Punapadene pêpathokaning kasusastran (Paramasastra) inggih punika ingkang winastan Javaansche Grammatica karanganipun Tuwan DE HOLLANDER sarta Tuwan T. ROORDA. Punapadene malih kathahing sêrat waosan, utawi dongèng-dongèng karanganipun sang misuwur ing jagad têtiga Tuwan C. F. WINTER tuwin dadosipun Kawi - Javaansch Woordenboek ugi karanganipun Tuwan C. F. WINTER ingkang sampun kaêsahan dhatêng Tuwan H. N. VAN DER TUUK, ing mangke kawindraning kasusastran Jawi dhumawah wontên liyan băngsa, wangsul winulangakên malih dhatêng băngsa Jawi, sogataning pawiyatan amung mastuti ing rèhipun sang kawindra, mila asmanipun sang kawindra ingkang cumithak wontên ing sêrat kêkaranganipun [kêkaranga...]

--- iv ---

[...nipun] minăngka suhing kawruh botên sagêd oncat misuwur ing salami-laminipun.

Awit saking gênging pitulungipun para kawindraning liyan băngsa dhatêng băngsa kula têtiyang Jawi, kula rumaos wajib angaturi panuwun saha pamundhi ingkang mijil saking manah suci, awit sagêd kula sumêrêp dhatêng trontonging pêpadhang saking panuntunipun sêrat-sêrat karangan wau. Pangajêng-ajêng kula mugi angsala barkahipun sang kawindra, kawêngan padhanging budi anartani pakarti ingkang kula sêdya, palêstha kalayan sampurna.

Mênggah sêdyaning manah kula badhe anganggit-anggit cariyos ingkang ragi wontên damêlipun, ananging tansah kandhêg saking kacupêtan kawruh, atêtakèn botên sagêd kêlampahan, amargi wontên ing saba paran, botên gadhah pitêpangan, saha tanah ing Batawi prasasat botên wontên ingkang mangêrtos dhatêng têmbung Jawi, sadaya sami wicantên cara Malayu, sarèhning sagêd kula wicantênan cara Jawi namung kalihan bojo, prasasat kula kapêksa nganggit ingkang botên wontên damêlipun, sêsêrêpanipun tiyang èstri ingkang tanpa aji (bojo kula) carub kalihan sêsêrêpanipun tiyang jalêr ingkang kêkirangan budi (kula), mênggah ancasing sêdya namung sami anêtêpi wajibing agêsang gadhaha tilas nama bilih sampun dumugi ing pêjah, sokur bage sèwu wontên ingkang karsa nganggêp wontên damêlipun kenging sinudarsana, saking sami băngsa Jawi saèstunipun kathah ingkang taksih nunggil budi lèngkèt dhatêng gugon tuhon, pamanah kula wontên paedahipun sakêdhik, sanadyan para tuwan ingkang sampun oncat saking budi gugon tuhon, inggih ugi pikantuk misil sumêrêp dhatêng wêwatêkanipun tiyang Jawi.

Ingkang kalêbêt ing pamikir kula, kula badhe angadani cariyos tatacara saha ngadat tuwin kalakuanipun têtiyang Jawi, wiwit bayi wontên ing wêwêtêngan, [wêwêtêng...]

--- V ---

[...an,] lajêng tingkêban dumugi lairipun, mawi wilujêngan tuwin sarat masrut, tumuntên bayi wiwit kenging ngambah siti (mudhun lêmah) lajêng nyariyosakên kawontênaning lare mênggah ing wêwatêkanipun rêmên dêdolanan tuwin ngabotohan, kapratelakakên namaning dêdolanan tuwin ngabotohan wau satunggal-tunggal. Tumuntên nyariyosakên diwasaning lare, sunatan, têtakan, pasah utawi tatah untu sapisan, anggarap sari sapisan, nontoni lajêng mantu mawi sasrahan tuwin patrap sanès-sanèsipun ngantos dumugi cariyosipun tiyang pêjah, mila sakalangkung panjang, ananging panggarap kula namung sasêlot-sêlotipun kemawon, sasêlaning padamêlan pêrlu kasambi kalihan pados sasêrêpan.

Kala taun 1893 sampun wiwit kula garap wontên ing nagari Batawi namung kalihan bojo kula kados ingkang kasêbut ing nginggil, ngantos dumugi taun 1904 wontên ing nagari Surakarta sawêg rampung.

Pangarang kula sêrat punika kula dhapur kados satatanipun tiyang wicantênan, namung mawi têmbung warni tiga, krama, ngoko tuwin madya, namung têmbung madya wontên warni tiga, madya krama, madya ngoko akalihan Madyantara. Madyantara punika Madyakrama kawoworan krama inggil, voorb:

[Grafik] Samang napa arêp mangan sêga. Samang napa ajêng nêdha sêkul. Samang napa ajêng nêdha sêkul cadhong Md. N Md. K Md. H

Ing sasagêd-sagêd katurutakên kalihan kêdaling lesan kados satatanipun tiyang wicantênan.

Wiwiting pangarang wontên ing Jatibaru Batawi wulan Juli taun 1893.

Kyai Nyai » Padmasusastra.

--- vi ---

INHOUD

1,Cariyosipun tiyang mêtêngblz.1
aSinggah-singgah"3
2,Wilujênganipun tiyang mêtêng sawulan, dumugi 9 wulan"7
3,Cariyos tingkêban"14
4,Cariyos nyakiti dumugi manak sarta puputan"20
aSarap sawan"39
bKidungan"40
cPujian"43
dBayi puput kapangku"44
eUlêm jagongan gadhah anak"46
fManggihi tamu dhatêng"48
gKasukan sêtotêr"49
hKasukan kêrtu gangsal"51
iKasukan pèi"53
jPratelaning kêrtu agêng kangge sêtotêr"56
kPratelaning kêrtu agêng kangge salikuran"58
lPratelaning kêrtu alit"61
mPratelaning kêrtu gangsal"63
nPratelaning thothit gambêlok (= ijèn)"66
oPratelaning thothit tigan
pPratelaning thothit sakawanan
qPratelaning kowah"68
rPratelaning pèi"69
sPratelaning bêlit"72
tBibaran jagongan sapêkên"74
5,Bayi ngumur salapan"75
6,Adus kawan dasa dintên"78
7,Mudhun lêmah"79
8,Nyatauni of anggauli"83
9,Nyapih"85

--- vii ---

10,Badhe milujêngi tingalan tumbuk 33 taun, kasarêng kalihansunatanblz.91
aRêmbagan tumbas bêtah enz. radèn ngantèn"92
bRêmbagan tumbas sinjang enz."98
cUlêm tumbukan"101
dMetang wragad sarta manah sêsêgah cara Walandi punapadenetêtumbas. Tangkilan"102
eTumbas wowohan"109
fUlam maesa"115
gTumbas kuwih-kuwih (nyonyah Cina)"117
hTumbas sayuran"118
iTumbas bumbu"121
jNgundang dhukun nyunati"122
kTumbas sinjang sêkaran"123
lTumbas sinjang lurik"124
mTumbas sêmbagi (Cina)"125
nTumbas sinjang bathik"127
oTumbas minuman (Walandi)"130
pBêrah ambêkta minuman"132
qTumbas gêndhis tèh (Cina)"133
rBujang kêplèk"136
sPratelaning kasukan kêplèk"138
tNgundang niyaga"141
uTamu dhatêng"146
vNgunjuk bikak kêmah"146
wPradikaning minum"147
xLênggah dhahar"150
yKondhisi"151
zNayuban"155
11,Enjingipun sunatan"158
12,Pasah"166
13,Ngintunakên lare jalêr dhatêng pondhok"171
14,Nyariyosakên wêwatêkaning lare kogung"
aBênthik"174
bTor"176
cBengkat"178
dCirak ula"180

--- viii ---

eCirak wokblz.181
fPak-pakan"182
gNgabên kêmiri"183
hNgabên kêcik
iKopyok"184
jOmbak bèji"185
kGimêr"186
lPicak mêlèk"187
15,Sukêran"189
16,Têtakan"192
aUlêm têtakan"194
bAgêm-agêman jagong"197
cKrobongan têtakan, enz"199
17,Ringkêsan lampah-lampahipun tiyang angemah-emahakên anak"202
18,Tangkilan manah jodhoning anak kalihan bojo"210
Tangkilan manah jodhoning anak kalihan congkok"212
19,Dêmang Malang manah jodhoning anak kalihan bojo"218
Dêmang Malang manah jodhoning anak kalihan congkok"222
aNgabên sawung"225
20,Pangeran kalihan congkok"229
21,Tangkilan kalihan congkok"232
22,Dêmang Malang kalihan congkok"233
23,Tangkilan kalihan bojo"236
24,Pangeran kalihan Tangkilan"240
25,Pangeran kalihan Suwarna"245
aBab jogèd"245
bNamaning sêkar agêng"249
cNamaning gêndhing"252
dUnggah-ungguhing têmbung karaton"272
eLampahipun priyantun anggandhèk"276
26,Dêmang Malang nontoni"286
aSêrat panglamar"291
bCongkok anglampahakên sêrat panglamar"292
cNampèni wangsulan"296
dRêmbag maningsêti"297

--- ix ---

27,Pangeran kalihan congkokblz.312
28,Tangkilan"314
aSêrat panglamar"317
bNampèni wangsulan"320
cCongkok dipun pangadêg"321
dSuka sêrêp dhatêng Dêmang Malang bab pikramèn"322
eDamêl ulêm wêrni gangsal"323
fTarub"327
gPêndhêman bucalan, enz."328
29,Dêmang Malang: lamaran"330
aNyantri"336
bSanggan pangantèn"340
cNingkah"341
dPangantèn jalêr èstri dandos badhe panggih"348
eNêbus pangantèn dhatêng Martèngsarèn"351
fPangantèn panggih"353
gPangantèn sapêkên dhatêng lajêng panggih malih"356
hDhahar pista mawi kondhisi"357
iPangantèn anjogèd"360
jBibaran wanci enjing
kBesan tuwi"361
lNgundhuh sapêkên"361
mPangantèn sampun atut jampi dalima pêthak"362
nPangantèn kanamakakên sêpuh"362
30,Cariyosipun tiyang ajal"363
aNyêkari (ngijing)"388
bWilujêngan"389

--- 1 ---

Mêtêng.

N. Nyai Ajêng, a: Gêndhuk, kowe kuwi ayake wis ngandhêg, katara wêwêging dhadhamu, obahing kêkêtêgmu katon ana ing tênggok, sarta cahyamu ijo (= sumunu mancur).

K. Radèn Ngantèn, b: Bokmênawi inggih ibu, amargi raosipun badan kula lungkrah sarta ngahang (kêpingin nênêdha pêdhês kêcut (= rujak) sampun dipun pituruti mêksa botên sagêd marêm) kemawon, saha ngangah-angah (nênêdha ingkang dipun kêpingini wusana botên doyan) botên sampun-sampun.

a: O, iya iku gêndhuk sing diarani nyidham. Saiki sabên dina Rêbo Sêtu, kowe adusa kramas, akêkêthoka kuku sarta sisig, têgêse pasrah, dipundhuta esuk sore wis rêsik.

b: Inggih sandika.

a: Lan aja sok nganggo kêmbang, cundhuk jungkat, suwêngan sarta alèn-alèn, watêke kandhêg.

b: Inggih sandika.

a: Lan ajêjamua cabe lêmpuyang sabên wolung dina sapisan, utamane sabên Rêbo Sêtu, iku agawe kuwating awak, yèn mêtêng [mê...]

--- 2 ---

[...têng] sasasi, cabene siji, lêmpuyange sairis, mêtêng rong sasi cabe lêmpuyange ngloro, mangkono sabanjure nganti lèk sanga, cabene iya sanga miliha kang cilik-cilik, lêmpuyange iya sangang iris.

b: Inggih sandika.

a: Sirikane 1. aja sok linggih têngah lawang, linggih lumpang utawa alu, mangan disăngga, iku dadi pangane Bathara Kala. 2. ora kêna mangan iwak sungsang, iya iku khewan kang lair sikile mêtu dhisik, supaya ora katularan wêtuning jabang bayi nungsang. 3. ora kêna mangan iwak loh kang măngsa băngsane, kaya ta: kutuk, sok sêmbilangên (wêwêtênganipun saya katingal alit, wusana ical tanpa karana). 4. ora kêna mangan iwak kang angsare panas, kaya ta: mênjangan, iku sok bisa angwêtokake gêtih, sanadyan wis mêtêng tuwa. 5. mangan durèn lan maja iya ora kêna, sok bisa anggogrogake wêtêngan. Iku kabèh èstokna.

--- 3 ---

b: Inggih sandika.

a: Yèn kowe arêp mapan turu wisuha banyu uyah, ngadohake kala, ula wêdi nyêdhak.

b: Inggih sandika.

a: Lan nganggo singgah-singgaha (= muji)

b: Kula dèrèng sagêd ibu, pujinipun.

a: Tak wuruki apalna.

b: Inggih.

a: Singgah-singgah kala singgah, kang abuntut, kang awulu, kang ajatha, kang asiyung, padha sira suminggaha, aja wuruk sudi gawe, ingsun wus wêruh ajal[1] kamulanira.

b: Punapa botên wontên kidunganipun.

a: Ana, apa kowe arêp ngapalake.

b: Inggih.

a: Rungokna tak ura-ura: têmbange Pangkur.

singgah-singgah kala singgah | pan suminggah kala durga sumingkir | sing aama sing awulu | sing suku sing asirah | sing atênggak lawan kala sing abuntut | padha sira suminggaha | muliha asalirèki ||

ana kanung saka wetan | nunggang gajah tulale êlar singgih | kulahu barang balikul | setan lan bêrkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | eblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

nak anung kidul sangkanya | nunggang gajah tulale êlar singgih | kulahu barang balikul | setan lan bêrkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | eblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik [bo...]

--- 4 ---

[...lak-balik] ||

nak anung kulon sangkanya | nunggang gajah tulale êlar singgih | kulahu barang balikul | setan lan bêrkasakan | amuliha mring tawang tuwang prajamu | eblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

ana kanung lor sangkanya | nunggang gajah tulale êlar singgih | kulahu barang balikul | setan lan bêrkasakan | amuliha ing tawang tuwang prajamu | eblise ywa kari karang | kulhu balik bolak-balik ||

gègèr setan kidul samya | anrus jagad êlèr playuning dhêmit | ing têngah Bathara Guru | tinutup Hyang Suleman | eblis setan bêrkasakan ajur luluh | ki jabang bayi wus mulya | liwat siratal mustakim ||

gègèr setan kulon samya | anrus jagad wetan playuning dhêmit | ing têngah Bathara Guru | tinutup Hyang Suleman | eblis setan bêrkasakan ajur luluh | ki jabang bayi wus mulya | liwat siratal mustakim ||

ajiku gajah pamudya | kêbo dhungkul brama rêp sirêp sami | sirêpa lêlara iku | amula saking mata | mata lire apan saking manikipun | panahku sapu buwana | dadèkna kusuma adi ||

tibakna mring janma lupa | eling mêngko eling êmbènirèki | salamêt saumur ingsun | tapaningsun wus wikan | ingsun ngadêg satêngahing sêgaragung | pan linggihku lintang johar | apa kang sun sêdya dadi ||

tan pêgat pamudya măntra | pun jaswadi putra ing kodrat nênggih | la ilaha ilolahu | Mukhamad rasulolah | salalahu ngalaihi wasalamu | wangalaekum wasalam | wus tamat punang pêpuji |

a: Karodene manèh, gêndhuk, kowe [ko...]

--- 5 ---

[...we] daktuturi, wong mêtêng têmbeyan (sapisan) iku rêkasa, sapisan, saka durung tau nglakoni, lagi abêbadra (kraos slêmêt-slamêt) bae wis sambat ngaruara. Kaping pindho kalêbu ing petungan ganjil, rêkasane padha karo wong mêtêng mêndêking.

b: Wawrat mêndêking punika kadospundi ta, ibu, kula dèrèng mangrêtos.

a: Bocah apa kowe iku, mêtêng mêndêking bae durung dhêngêr (= mêngêrti), mêtêng mêndêking mono mêtêng tiba ganjil, kaya ta: mêtêng kang kaping 3, kang kaping 5 sapiturute iku aran mêndêking. Mulane sabên slamêtane disarati nganggo slamêtan sêga loyang (sêkul aking kaêdang) kayune galar ambèn, supaya slamêt wêtêngane sarta sudaa rêkasane, diarani mêndêkingi.

b: Mênawi mêtêng têmbeyan, beda kalihan mêtêng kaping kalih, punika kathah èmpêripun dening sampun nate akalihan dèrèng, wangsul mêtêng kaping kalih akalihan kaping tiga wontên bedanipun, punika kula botên mangrêtos.

a: Iya iku kuwasaning Pangeran, sêmono, [sêmo...]

--- 6 ---

[...no,] wong nganti ora bisa anggayuh, pinaido ora kêna.

b: Bilih maibênipun wau nuwun botên, namung badhe sumêrêp sababipun.

a: Iku isih ginaib, manungsa ora kêsinungan wêruh.

--- 7 ---

Wilujêngan Mêtêng.

N. Tangkilan, a: Olèhmu ngendhu (= ngandhut of ngandhêg en mêtêng) iku wis pirang sasi he, dhuk (he ndoek)

Md. K. Radèn Ngantèn, b: Êmpun gangsal malêthèk niki.

a: Apa iya ta, kok gêlis têmên.

b: Ênggih niku.

a: Dhèk apa ta olèhmu ora anggarapsari.

b: Èngêt kula dhèk wulan Rabingulakir, saniki wulan Ruwah.

a: O, o iya dhik, apa ora nuli dislamêti ngono.

b: Kula ênggih êmpun ajêng sanjang, kasêlak mang tanglêdi niki wau.

a: Slamêtane apa, ta.

b: Kula êmpun matur pitakèn ibu, kathah wêrnine, lan botên mung anggangsali mawon, dalasan wawrat sawulan, kalih wulan, tigang wulan, utawi kawan wulan sing êmpun kêpêngkêr, ênggih diwilujêngi pindhah sarêng kalih anggangsali wau.

a: La rupa apa.

--- 8 ---

b:1. Wilujêngan sawulan, nama angebor-ebori, wêrni jênang sungsum [glêpung uwos kajênang namung kalihan sarêm, panêdhanipun mawi abênan juruh santên], 2. 3. » Wilujêngan kalih, tigang wulan sami mawon, bakune:

I. sêkul janganan (tumpêng ing pinggir dipun ubêngi janganan, kacang, thokolan, kangkung, lêmbayung, rajangan tela gantung tuwin sanès-sanèsipun, ananging warnining janganan kêdah ganjil, 5, 7, utawi 9 dipun carubi parudan kalapa bumbon, mawi pelas (kadhêle), bongko (gudhe), ampas jangan ladha kluwih, sambêl puyang verk.v. lêmpuyang, sambêl laos, sambêl dhêle verk. v. kadhêle, sambêl wijèn, sambêl gêpèng (kacang pêthak), sambêl kaluwak, cabuk (ampas wijèn) sarta gêrèh pèthèk bakaran, tigan wajar satunggal kasigar dados gangsal, sadaya wau dipun ubêngakên ing tumpêng awor kalihan janganan.

II. jênang abrit (wujudipun abrit kalihan pêthak) sarta jênang baro-baro (jênang abrit pêthak, uwos kajênang mawi santên, ingkang abrit mawi gêndhis jawi,

--- 9 ---

jênang baro-baro, katul kajênang (= jênang katul) dipun sisiri gêndhis jawi mawi parudan kalapa).

Jênang abrit, têgêsipun milujêngi rahsaning biyung, jênang pêthak rahsaning bapa, mila mênawi madhahi wontên ing takir botên kenging kêlintu, kêdah jênang abrit rumiyin lajêng katumpangan jênang pêthak. Dene jênang baro-baro, milujêngi sadhèrèkipun ingkang lair sarêng sadintên.

III. Jajan pasar kêmbang borèh (opak angin, pisang pulut, pala kapêndhêm) (wi gêmbili kimpul) ampas kalapa kadamêl mănca warni, abrit, cêmêng, kuning, biru, pêthak, carabikang (srabi alit) satunggal, kupat luwar satunggal, êmpon-êmpon sapêpakipun (têmu warni-warni, sunthi kêncur, kunir, lêmpuyang, jahe, bêngle) sarta mawi kapuk, ampo, ênjêt, sêkul janganan wungkusan.

4. Wilujêngan kawan wulan, sêkul punar (sêkul wuduk mawi kunir sarta asêm sakêdhik) lawuhane ulam maesa satunggal (daging sarta sawarnining jêroan sakêdhik-sakêdhik [sa...]

--- 10 ---

[...kêdhik-sakêdhik] tuwin mata satunggal) mawi sambêl gorèng sarta kupat sakawan.

5. Wilujêngan gangsal wulan, sêkul janganan kados ing nginggil wau mung kaot mawi ulêr-ulêr (galêpung wos dipun juri kalihan toya mawi woworan ingkang marahi sagêd dados mănca warni, sarta kêtan inggih mănca warni, punapadene êntèn-êntèn (parudan kalapa dipun dèkèki gêndhis jawi dipun olah lajêng dipun galindhingi minăngka abên panêdhanipun kêtan mănca warni.)

Ngangge wewehan têng sanak sadhèrèk, atur uninga yèn anggèn kula wawrat êmpun 5 wulan nyuwun pangèstu wilujêng, wadhahe ponthang janur kuning, bitinge dom warni gangsal, êmas, suwasa, salaka, dêmbaga, wêsi, lambarane lèmpèr siti, isining ponthang sêkul jawi kalihan punar ulam gorengan, utawi mawi ulam-ulaman sarta panganan sami kalih sing kangge wilujêngan, sakêdhik-sakêdhik sarta mawi rujak crobo (rujak mawi bumbu sunthi kêncur).

6. 7. » Wilujêngan nêm wulan disarêng kalih wilujêngan pitung wulan, warni apêm kocor (glêpung uwos [u...]

--- 11 ---

[...wos] kacolok (= dipun wori) ing ragi sakêdhik, lajêng dipun cêprot (kadhêplok têlês) lajêng dipun juri kalihan toya, lajêng dipun kêbluk, lajêng dipun pe, bilih sampun munthuk tăndha sampun dados, lajêng kaolah sarana cithakan tanpa abên, raosipun asrêp kemawon lêdipun kêcut, panêdhanipun kalihan juruh santên), wilujêngan pitung wulan, sêkul janganan.

8. Wilujêngan wolung wulan, bulus angrêm, (klêpon dipun tutupi srabi pêthak kakurêpakên. Klêpon: pindhaning tigan, srabi pindhaning thothok bulus) klêpon (glêpung kêtan mêntah dipun juri toya mawi wênyêdan godhong kara, lajêng dipun galindhingi sawidara-widara, ing lêbêt dipun dèkèki gêndhis, lajêng dipun cêmplungakên ing wedang panas, bilih sampun kumambang tăndha sampun matêng, lajêng dipun carubi parudan kalapa singgatan) (kalapa kaparut malumah dados agal pindha singgat) srabi (glêpung uwos kacêprot, lajêng dipun olah wontên ing sangan).

9. Wilujêngan sangang wulan, jênang procot (glêpung uwos dipun juri kalihan gêndhis [gêndhi...]

--- 12 ---

[...s] santên, lajêng dipun jênang, nêngah-nêngahi matêng lajêng dipun cêmplungi pisang wêtahan ingkang sampun dipun oncèki, bilih sampun matêng dipun wadhahi ing takir, sabên takir satunggal, pisangipun inggih satunggal).

Yèn êmpun wawrat sanga tanggal sêpuh, utawi lèk sadasa dèrèng kraos nyakiti, diwilujêngi dhawêt plêncing.

a: Apa têgêse dhawêt plêncing.

b: Ênggih dhawêt limrah niku mawon, nanging botên didongani ing kaum, disade ing lare kalih yatra wingka, sabên dhawêt êmpun diombe lare lajêng lumajêng palêncing, milane nama mêkotên.

a: We, akèhane wragade.

b: Êmpun karuwan nèk okèh, la wong wilujêngan ping gangsal disarêng sapindhah mawon, niku sanèse wilujêngan nêm, pitung, wolung, sangang wulan. Wah niki mawi wewehan, nanging liyane anggangsali êmpun botên ngangge wewehan mêlih.

a: Pira kiramu sêdhênge.

b: Măngga mawon, yèn mang damêl sêmuwa salangkung ênggih cêkapan, nanging dome mang yasa kiyambak.

a: Iya ta, mangsi bodhoa olèhmu

--- 13 ---

nindakake, mêngko dhuwite tak wèhi, aku sing yasa dom, mung besuk tingkêbmu sing arêp anggalih bapak, ayake arêp digêdhèkake, gene (= dene of kok) nganggo dhawuh mênyang aku.

b: Ênggih sukur.

--- 14 ---

Cariyos Tingkêban.

Tiyang tingkêb punika wawrat 7 wulan, pados dintên Rêbo utawi Sêtu sadèrèngipun tanggal purnama ingkang pinanggih ganjil, kados ta: tanggal kaping 3, 5, 7, 9, 11, 13, utawi 15, botên kenging langkungipun saking purnama, adusipun wanci jam 11 siyang, mawi patêlêsan sinjang (tapih rangkêpan ingkang dipun angge) ingkang ngêdusi dhukun, saha para sêpuh, toya sêkar sataman (toya ing jêmbangan mawi kadekekan sêkar) kosokanipun warni pitu, wêdhak agal, sêdhêng tuwin lêmbat, mangir, sindu (cêngkaruk dipun gorèng lajêng dipun lawêd) (pipis), lulur (uwos, êmpon-êmpon, pandhan wangi godhong kêmuning kapipis lajêng kalawêd) sarta asêm, sasampunipun rampung lajêng dipun wuloni dhatêng dhukun.

Padusanipun wontên ing latar kiwa têngêning griya, kakrobong lawanganipun majêng mangetan, karêngga ing têtuwuhan kiwa têngên (pisang, têbu sarta cêngkir gadhing) mawi sajèn (sêkul janganan, jênang abrit, jênang baro-baro, jajan pasar, sarta mawi:

--- 15 ---

1. Sriyatan (wijèn, kadhêle, kacang, cêngkaruk gimbal, sami kagăngsa ing gêndhis sarta kêmbang pari), cêngkaruk gimbal (sêkul aking kagorèng ing sangan rumiyin lajêng kagăngsa), kêmbang pari (kêtan mêntah kagorèng ing sangan lajêng dipun krawu ing kalapa mawi sisiran gêndhis jawi.)

2. Pênyon (glêpung dipun dang lajêng dipun juri ing toya mawi kunir, têngahing êndheg-êndhegan dipun dèkèki pisang, kawungkus lajêng kaadang sarta lajêng kaleletan cêmêng-cêmêng (angus, punapa mangsi) lajêng dipun iris-iris. Dening warni kuning, cêmêng sarta pêthak, pindha pênyu.

3. Sampora (glêpung dipun juri kalihan santên lajêng dipun cithak kados bathok mêngkurêp).

4. Pring sadhapur (glêpung matêng dipun juri kalihan toya, lajêng kapêtha tumpêng alit, lajêng dipun tancêbi giligan galêpung sadriji-driji amănca warni, mawi sunduk sujèn).

5. Tumpêng robyong (tumpêng kalêbêtakên ing cêthing, dipun tancêbi ulam-ulaman maesa satunggal sarta tigan wajar satunggal, katancêbakên ing pucuk tumpêng, gêrèh tuwin krupuk, punapadene jêjanganan mêntah lombok, terong, kacang, dipun untili tigang warni [war...]

--- 16 ---

[...ni] dados satunggal, tuwin gêgodhongan utawi sêkar-sêkaran).

Wanci pukul sadasa tamu jalêr èstri wiwit dhatêng, bilih sampun ngalêmpak, lare èstri lajêng dipun dusi, bilih sampun rêsik lajêng dipun santuni pasatan sinjang, tumuntên dipun ubêdi (sapisan) lètrèk (lawe abrit, cêmêng, pêthak, katênun awis-awis pindha anamaning griya kêmlandhingan) anglowong têbih kalihan wêtêng, tumuntên biyunging lare jalêr andhawahakên tropong (pirantosipun tiyang nênun ikal-ikalan lawe) salêbêting lètrèk, mawi wicantên: lanang, lanang, lanang, (kaping tiga) katampèn biyunging lare èstri, punika minăngka pasêmon lairing jabang bayi aclorot-clorot kados lampahing tropong. Lajêng andhawahakên malih warni cêngkir gadhing, kasêrat Kumajaya lan Ratih, utawi Janaka lan Sumbadra, punapa Panji lan Kirana, pundi ingkang dipun sênêngi, mawi mungêl wedok, wedok, wedok (= wadon) (inggih kaping tiga) (ugi katampèn biyunging lare èstri. (bilih salah satunggiling lare wau sampun botên gadhah biyung, dipun wakili ing dhukun). Minăngka pasêmon warnining jabang bayi kados makatên.

--- 17 ---

Tumuntên lare jalêr bidhal saking pandhapa, dipun kanthi ing bapa tuwin marasêpuhipun (bilih ing salah satunggilipun sampun botên wontên (= ngajal) dipun wakili ing êmbah utawi pinisêpuh sanèsipun) sarta dipun ayap para tamu dhatêng padusan, lare jalêr tumuntên magas lètrèk kalayan dhuwung ingkang dipun angge mawi gombyok sêkar kados kala pangantènipun, tugêling lètrèk kalepat lajêng wangsul botên kenging wicantên sakêcap, sinarêngan ing ngriku êmbokipun lare jalêr ambanting tigan mêntah sarta cêngkir gadhing wau kaplathok sigar kalih, pasêmon lairing jabang bayi botên kirang satunggal punapa.

Tumuntên lare èstri dhatêng griya, marginipun kagêlaran mori pêthak, lajêng ngadêg wontên sangajênging patanèn, ing ngriku sampun dipun sudhiyani pisalin tapih kêmbên kathahipun mitu, lajêng dipun angge kalayan kêndhon-kêndhonan kemawon, para sêpuh wontên ingkang wicantên: durung patut, lajêng dipun plotrokakên, santun sanèsipun inggih dipun aruh-aruhi malih: iya durung patut, inggih lajêng dipun plotrokakên malih, makatên ing salajêngipun ngantos kaping pitu mêksa dèrèng kalêrêsan ngantos ngumbruk botên kenging dipun singkirakên [sing...]

--- 18 ---

[...kirakên] malah lajêng dipun lênggahi, punika inggih ugi kalêbêt pasêmon gampile anggènipun manak, kadosa anggènipun tapihan: aplotra-plotro. Wusana lajêng dipun tilar dhatêng ing gêdhong santun pangangge sayêktos, tapih bathik, kêmbên lêmês (dringin, limar tuwin sanèsipun) tanpa rasukan, botên kenging mawi sêkar utawi ngangge sêngkang tuwin sêsupe.

Dalunipun ringgitan purwa mawi ulêm-ulêm tamu jalêr èstri, ningali ringgit, sambènipun kasukan kêrtu, lampahanipun lair-lairan, ingkang sae piyambak lairipun Gathutkaca. Mawi mêdal brayut (tiyang dhusun sugih anak).

Sajèn.

Ingkang nama sajèn punika botên sami, nanging bakunipun: panggang tumpêng (panggang gêsang tumpêng thok, sarta mawi pangiring uwos sakati), gêdhang ayu suruh ayu, gêndhis satangkêp, klapa satunggal, mênyan wawrat sareyal, kêmbang borèh, tindhih satak sawe = suwang saprapat = 12,5 duit zie gram. 329-6 v.o.) mawi lawe satukêl, lisah kacang sakopi, andhungan mênawi ucêng-ucêng sarta lisahing balencong têlas.

--- 19 ---

Ingon.

Ingon niyaga kaping kalih, dhatêng (sontên) sêkul, ulam, panganan sarta wedang, cêmêngan pangaos suku. Mantuk (enjing) nêdha malih id. Dhalang sêgahipun karampad kaping kalih, botên katêdha lajêng kabêkta mantuk. Sarampadan punika sêkul saambêng, ulam sadasa piring, panganan ugi sadasa piring.

--- 20 ---

Nyakiti dumugi Manak.

Tangkilan: Wêtêngamu (verk. v. wêtênganamu) wis katon angglong têmên, ayaknèn (= ayake) nuli krasa.

Radèn Ngantèn: Lasar ênggih, wêtêng kula pijêr kraos slêmêt-slêmêt mawon, kêdah toyan. Bapak ibu sami mang aturi, ta.

Tangkilan: Hê êh, Bur (verk v. Gêmbur).

Gêmbur: Kula.

Tangkilan: Mênyanga Gadhing banjur mênyanga Pasar Kliwon sowana bapak (bapa piyambak sarta marasêpuh) matura yèn si ndhuk anglarani, sibu tak aturi (niet yèn dhangan) sukur bapak karsa rawuh. Dhiyat-dhiyat bae laku anyar (padamêlan pêrlu).

Gêmbur: Inggih sêndika, kula nuwun.

Sasak: Sapa kuwe.

Gêmbur: Kula, pun Gêmbur.

Sasak: Ana gawemu apa, mlêbua ngomah bae, ta.

Gêmbur: Inggih, kula nuwun, kula dipun kèngkèn putra sampeyan dara bèi, ngaturi uninga putra sampeyan dara dèn ngantèn kraos anggêrahi, [anggê...]

--- 21 ---

[...rahi,] rayi sampeyan dara nyai dipun aturi, sukur panjênêngan karsa rawuh.

Sasak: O, o, wayah apa wiwite krasa.

Gêmbur: Sawêg kemawon.

Sasak: Êntènana bae sisan mêngko barêng karo aku anggoncènga kareta.

Gêmbur: Nun kula lajêng badhe dhatêng Pêkên Kaliwon, kautus sowan rayi sampeyan dara Bèi Bêndung, nunggil pêrlu.

Sasak: O, o, iya, wis ta nuli mênyanga.

Gêmbur: Inggih, nun sampun kêlilan.

Sasak: Iya, ibune.

Nyai Ajêng: Kula.

Sasak: Anakmu krasa, Si Gêmbur sing mrene, awèh wêruh (Si Gêmbur mrene awèh wêruh anakmu krasa) ayo nuli padha mrana nunggang kareta bae.

Nyai Ajêng: Êngga.

Bêndung: Lo kowe Bur, awan-awan ana gawene apa (= apa ana gawene).

Gêmbur: Kulu nun, sowan kula dipun kèngkèn putra sampeyan dara bèi, ngaturi uninga putra sampeyan dara Dèn Ngantèn Kraos anggêrahi, rayi sampeyan dara mas ayu dipun aturi, sukur panjênêngan karsa rawuh.

Bêndung: O, o, dhèk kapan krasane.

--- 22 ---

Gêmbur: Sawêg enjing punika wau.

Bêndung: Dhisika bae ta, mêngko aku sadhela mrana karo ibune, nunggang bèndi.

Gêmbur: Nun inggih, kula lajêng kêlilan ngrumiyini.

Bêndung: Iya, ta. Ibune.

Mas Ayu: Kula.

Bêndung: Si Gêmbur mrene anakmu krasa, kowe diundang, ayo, ta, karo aku nunggang bèndi bae.

Mas Ayu: Êngga.

Sasak: Piye bèi, bojomu.

Tangkilan: Kulu nun sapunika katingal sarèh, malah lajêng tilêm.

Nyai Ajêng: Wong durung tau manak, lagi bêbada (wiwit kraos) bae iya wis gugup.

Sasak: Mlêbua ngomah, ta, ibune, aku ana ndhapa (verk v. pandhapa) bae.

Nyai Ajêng: Ênggih, mêngke mawon mang lênggah griya, ngêntosi dhatênge kêng rayi Mas Bèi Bêndung. Êlo, olèhe tata paturon athik mujur ngalor, luput, yèn wong arêp manak iku paturone kudu mujur mangulon, anut petung lakuning banyu (lajêng dipun lih ujuring kasur bantalipun).

Sasak: Ayake kae, bèi, glêdhêg-glêdhêg nunggang bèndi, bapakmu dhi Bèi Bêndung têka (= bapakmu [ba...]

--- 23 ---

[...pakmu] dhi Bèi Bêndung têka, glêdhêg-glêdhêg nunggang bèndi).

Tangkilan: Mênawi.

Sasak: Lah nyata, ta, măngga dhi ngriki lênggah pandhapa rumiyin kalihan kula, kêng rayi mas ayu kajêngipun rumiyin kêpanggih kêng bakyu (verk. v. bok ayu) nyai ajêng sampun wontên griya.

Bêndung: Nun inggih. Punapa sampun dangu rawuh sampeyan.

Sasak: Sawatawis, dhi, dèrèng patos dangu.

Bêndung: Kadospundi anggènipun nyakiti putra sampeyan.

Sasak: Kula dèrèng malêbêt dhatêng griya, dhi, pun dhuk sawêg tilêm, mênawi ambribèni.

Bêndung: Kados sawêg bêbada, lajêng gugup, tandhanipun sapunika malah tilêm.

Sasak: Mênawi, awakipun putra sampeyan, sae, salêbêtipun wawrat botên nate sakit.

Bêndung: Kasinggihan, kados badhe botên dangu anggènipun nyakiti. Dèn bèi, kowe apa wis kongkonan ngundang dhukun.

Tangkilan: Sampun, nanging dèrèng dhatêng. Lah punika sampun katingal. Bok, banjura mênyang omah bae, ibu-ibu wis padha nênggani.

--- 24 ---

Sandilata: Inggih. Măngga, ta, kalihan panjênêngan sampeyan.

Sasak: Iya, ta, bèi, mlêbua ngomah.

Tangkilan: Nun inggih.

Radèn Ngantèn: Adhuh mulês têmên.

Sasak: Măngga, dhi, mlêbêt dhatêng griya, punika kêmirêng saking ngriki sambat, kados kraos malih.

Bêndung: Măngga.

Sandilata: Sampeyan sundhang (lênggah wontên ing ulon-ulon nyanggi badanipun ingkang èstri sarwi nyêbul êmbun-êmbunan) ingkang sakeca, dara bèi. Sampeyan ngore rema, sampun cundhuk sêrat, lukar paningsêt, uwêl kemawon, ngagêm rasukan tuwin lancingan inggih botên kenging.

Nyai Ajêng: Lawangan bothekan iku ngakna Drug (verk. v. Gêdrug) tali ponjèn padha uculana, lawang-lawang kae aja ana sing kêmancing. Pak (pangundang dhatêng laki) dhuwung lan waose si bèi nika bok mang unusi saking wrangkane.

Sasak: Hê êh.

Sandilata: dara dèn ngantèn, ingkêng sarèh panggalih sampeyan, botên mênapa-mênapa, mênawi kraos badhe uwat (= ngêdên) inggih sampeyan watakên, mênawi botên, botên susah uwat.

--- 25 ---

Mas Ayu: Olèhmu uwat silirên (lon-lonê)[2] bae, gèr.

Sandilata: Êndi banyune mas Drêg (verk. v. Ladrêg)

Ladrêg: Kula dèrèng sumêrêp wêrnine toya mas, niku.

Mas Ayu: Bocah busuk, kowe mau dadi durung gawe.

Ladrêg: Dèrèng, dara, tiyang dèrèng sumêrêp.

Mas Ayu: Apèka kunir anaa rong grigèh bae banjur pipisên, banyune pêrêsên ing bokor, dokokana banyu satêngah dhuwur nuli gawanên mrene.

Ladrêg: Inggih. Punika sampun, dara.

Mas Ayu: Ngijolna dhuwit igaran dhisik.

Ladrêg: Punika kula gadhah satunggal.

Mas Ayu: Kene (= êndi), gilo dhuwit suwang saprapat iki kosèkên wêdhi dhisik bèn rêsik katon anyar têmbagane, yèn wis, nuli cêmplungna ing bokor kono.

Ladrêg: Inggih, punika sampun, dara.

Mas Ayu: Kene. Gilo bok Sandilata banyune êmas.

Sandilata: Kaparingakên, dara. Riri-riri jabang bayi gêlis mêtua gendhongên sadulurmu (ari-ari) dipêthuk banyu êmas. Măngga, gèr, sampeyan mamah godhong dêdêl, sampun kula

--- 26 ---

bêktakakên saking griya. Jupukna uyah sawuku bae, Drêg.

Ladrêg: Inggih, nigi le.

Nyai Ajêng: Ayo, gèr, ayo bandrêngna. Bèi olèhmu nyêbul êmbun-êmbun sing sêru. Wis ketok (= katon) sirahe, ayo ayo ayo, uh kowe, ngowè-ngowè (tangising bayi lair) sarèh, sarèh dhisik gèr, sarèh, aringna napasmu. Wis kuwatna manèh, gèr, rambutmu cakotên, procot (wêdaling ari-ari) wis slamêt, slamêt, slamêt, wè, ana pêline, lanang, lanang, lanang.

Sasak: Alkamdulillah, nuli rêsikana ibune, mêngko tak adanane (mênawi èstri dipun kamadi) măngga dhi sami sumingkir dhatêng pandhapa rumiyin.

Bêndung: Măngga.

Nyai Ajêng: Bok, ususe gêgêlan (dipun urut mangandhap manginggil supados ngalêmpak rahipun) mêngko nuli kêthokên.

Sandilata: Inggih. dara bèi, kula nyuwun wêlat dêling wulung ingkang sae, kanggea salaminipun, benjing manawi kagungan putra malih inggih wêlat punika ingkang dipun angge malih, mila wontên bêbasan: sadulur tunggal wêlat, bilih [bi...]

--- 27 ---

[...lih] botên karsa makatên, kêdah dipun wor kalihan ari-ari kalêbêtakên ing kêndhil.

Tangkilan: Iya, bok, dak gawèkake wêlat sing bêcik, lan bakal dak rawati bae. Sakarya (verk v. Rêksakarya)

Rêksakarya: Kula.

Tangkilan: Aku gawèkna wêlat pring wulung sing bêcik, digawe magas ari-arine si bayèk.

Rêksakarya: Inggih sandika. Punika, dara.

Tangkilan: Iki apa ora kêgêdhèn, lan apa ora kurang landhêp.

Rêksakarya: Botên, dara, sampun prayogi.

Tangkilan: Nya, bok, wêlate, wis kêbênêran apa durung.

Sandilata: Kaparingakên, sampun kalêrêsan, dara. Drug, jupukna êmpu kunir siji bae kumbahên sing rêsik karo lading, dianggo langgênan[3] pangêthoking usus.

Gêdrug: Êngga, nigi le.

Sandilata: Ladinge mambu brambang, apa ora kok ambu ta mau.

Gêdrug: Botên, pundi kula tlêsêpake ing wit gêdhang kajênge rêsik mari mambu brambang. Êngga êmpun mari mambu.

--- 28 ---

Sandilata: Êndi. Sampun dara nyai, pusêripun kula kêthok.

Nyai Ajêng: Iya wis kêthokên, aja cêndhêk-cêndhêk. Gêtihe kuwi enggal lèlètna mênyang lambene si bayèk, cahyane cik bèn mèngèr-mèngèr. Kunire kuwi worna ing ari-ari kono bae, mêngko dilêbokake ing kêndhil, wêlate caosna daramu cik bèn dirawati. Si bayèk caosna mas ayu cik bèn didandani. Kowe ambumènana madhahi ari-ari.

Sandilata: Inggih. Drug, jupukna kêndhil anyar, ing njêro lambarana godhong senthe, arêp diênggo wadhah ari-ari ana sajroning bathok bolu (bathok mripatipun dipun taksihakên) karo dokokana kêmbang borèh, kêmiri loro gêpak jêndhul (isbatipun jalêr èstri) gêrèh pèthèk lan êdom, kunire kuwi katutna worên ing ari-ari, sarta bêras abang lan lênga wangi, apadene uyah tuwin gantal sasupit (= rong kênyèh) lan suwunna dhuwit sagobang kanggo tindhih, banjur tutupana lèmpèr anyar.

Gêdrug: Ênggih. Nigi lo, êmpun pêpak sêdantên.

Sandilata: Dokokna ing kono bae dhisik.

--- 29 ---

dara bèi, kula nyuwun sêratan sastra Ngarab kalihan Jawi, badhe kula dèkèk awor kalihan ari-ari salêbêting kêndhil, têmbene ingkêng putra baut ngaji lan baut maca.

Tangkilan: Iya tak tulisake sadhela. Nya, gilo wis dadi.

Sandilata: Kaparingakên. Dara nyai kula nyuwun mori sakacu kangge ambuntêl kêndhil.

Nyai Ajêng: Lah kuwi wis dak cawisi ana kulonmu cakêt, ranggèhên dhewe. Kowe rak wis isa pujiane, ta bok.

Sandilata: Sampun, mawi sêkar Mijil:

kakang kawah adhi ari-ari | ayo padha nglumpok | bok niryah latdiyah dèn age ... | lajêngipun kok kasupèn, dara.

Nyai Ajêng: Ya wis, ora dadi ngapa, bèi, ari-ari iku karêpmu kêpriye, apa kolabuh, apa kopêndhêm, utawa kok gantung ana padon omah ing jaba.

Tangkilan: Ari-ari kula rumiyin kadospundi.

Nyai Ajêng: Dipêndhêm bapakmu ana ing patamanan buri, ngisor kêmbang kalak.

Tangkilan: Kados prayogi dipun pêndhên[4] kemawon, bu, botên ngêkathahi padamêlan.

Nyai Ajêng: Lah wis, nuli golèka pacul, pêndhêmên [pêndhêmê...]

--- 30 ---

[...n] dhewe kana, dandana sing bêcik sarta nganggo kêris.

Tangkilan: Wut, kidhung, bu, bilih kula mawi macul piyambak.

Nyai Ajêng: Kêna kok sambatake mênyang baturmu, sarta kudu nganggo tindhih dhuwit satak sawe (= suwang saprapat) nanging ngêmban, ora kêna yèn ora kok êmban dhewe.

Tangkilan: Ngêmban inggih ngêmban, tiyang sampun kêlêrês, nanging macul, bayar tindhih kemawon bu, tinimbang ngangkat pacul piyambak, susah. Sakarya.

Rêksakarya: Kula.

Tangkilan: Gawea luwangan ngisor kêmuning kulon jamban kae, sêdhênging kuwali utawa kêndhil lêmah, jêrone saasta, gilo nganggo tindhih suwang saprapat, nanging dhuwite talèn, jujule pèkên bae pisan.

Rêksakarya: Inggih nuwun.

Tangkilan: Sampun, bu, punika mangkat.

Nyi Ajêng: Wis, gilo êmban-êmbane, bêbêdmu sombalana kiye. Wug (verk. v. Riwug).

Riwug: Kula.

Nyai Ajêng: Jarik gringsing ringgit sing tak umbrukake ana pojok lawang kae tilas dianggo tapih daramu gupak gêtih, kumbahên sing rêsik, iku

--- 31 ---

diarani kopohan, ora bakal dianggo manèh, mung dirawati bae, mêtu-mêtu nèk si bayèk ora kapenak awake ginawe suwuk kinêmulake, utawa ginawe kukup. Mêngko nganggo panêbus suwang saprapat, mulane sing rêsik olèhmu ngumbah.

Riwug: Inggih sêndika.

Mas Ayu: Dèn bèi, golèka madu kêmbang, karo dêgan kêmêruk buntut, sajrone bayi durung bisa nusu, mung iku kang dadi pangane.

Tangkilan: Inggih sêndika, pados madu sêkar punika dhatêng pundi, ibu.

Mas Ayu: Nyuwuna mênyang jêro kraton bae, eyangmu Nyai Adipati Sêdhah Mirah mêsthi kagungan.

Tangkilan: Inggih.

Nyai Ajêng: Riwug, Wug.

Riwug: Kula.

Nyai Ajêng: Ambèn kulon kae tatanana paturon mujur mangulon, diênggoni daramu mêngko ngalih mrana, karo paturone si bayèk pisan.

Riwug: Inggih sêndika.

Nyai Ajêng: Êlo, paturone si bayèk athik ana lor, mujur mangulon, iku ora kêna, kudu ana têngêning biyung dadi ana kidul sarta [sar...]

--- 32 ---

[...ta] kudu mujur mangidul. Lihên sadhela. Besuk yèn si bayèk wis kêna dikêloni, iku kêna mujur mangulon, karodene ing dagane sajènana sêga punar lawuhe iwak ati lan êndhog, dokokana gantal, pasangana pangilon, sandhingana kêlud lan sapu sada, apadene papon, damar panjêran aja lali.

Mas Ayu: Bakyu, punika pun bayèk sampun kula rêsiki mêntas wawratan, sarta sampun kula gêdhong.

Nyai Ajêng: Sukur, mangke tinjanipun kalong sampeyan paringakên dhatêng kula, badhe kula rawati, ing têmbe wontên damêlipun.

Mas Ayu: Inggih. Pun bayèk punapa sampun kenging kula tilêmakên.

Nyai Ajêng: Mangke, dhi, kajênge dipun adani kakèkipun rumiyin, pak, mang mlêbêt griya ta, sakêdhap wayahe niki mang adani kriyin.

Iya, ta, kaparingakên dhi, kula adanane.

Sumăngga.

(Lajêng adan kalihan ikamat dipun ungêlakên)

Mas Ayu: Dhuk, nginang-nginanga ta gèr, aja lês-lêsan kudu turu bae (adatipun têtiyang Jawi bilih tiyang èstri mêntas gadhah anak, măngka

--- 33 ---

ambaliyut badhe tilêm, punika kêdah kacêgah sumêlang mênawi kêlajêng pêjah).

Radèn Ngantèn: Sampeyan racikakên, ta.

Mas Ayu Nya. mBakyu, pun bayèk punapa sampun kenging kula tilêmakên.

Nyai Ajêng: Sampun. Bok Sandilata, galo wis diturokake ngambèn, si bayèk. Gêbyagên, ta.

Sandilata: Inggih. Dah, byak, dah, byak (swaraning panggêtak sarta swaraning ambèn kaping tiga, watakipun ing têmbe botên kagetan).

Nyai Ajêng: Gêdrug, bok Karyaboga undangên mrene, arêp dak prentahi apa-apa.

Gêdrug: Inggih. Bok, kowe ditimbali dara sêpuh.

Karyaboga: Lênggah ana ngêndi.

Gêdrug: Isih ana ing dalêm.

Nyai Ajêng, a: Bok, gawea slamêtan brokohan saiki.

Karyaboga, b: Wêrni mênapa, dara.

a: Kêbangêtên kowe kuwi, busukmu, ana wong wis anak-anak ora sumurup slamêtan brokohan, sêga asah ...

b: Mênapa, dara, sêkul asah mênika.

a: Kêbangêtên têmênan. Bok, kowe

--- 34 ---

kuwi, wis ta, tak muni bae rungokna. Sêga asah mono sêga Jawa diambêng, diwadhahi ing tampah, iwake kêbo siji, têgêse: iwak daging sathithik, sarupaning jêroan sathithik-sathithik, sarta mata siji, iku aran iwak kêbo siji, nibakna dhuwit patuku mênyang jagal, dhèwèke wis mangêrti. Karo pêcêl pitik jangan mênir. Ora ngêrti.

b:Ngrêtos-ngrêtos, dara, sampun (= sampun mangrêtos dara).

Sasak: Ibune. Aku tak mulih bae, kowe ngrungkêba kari, aku yèn bêngi bali ngêlèki.

Nyai Ajêng: Măngga mawon, măngsa boronga ing griya, mang dhawahake têng si ndhuk mawon.

Sasak: Iya.

Bêndung: Aku iya ngono ibune.

Mas Ayu: Ênggih.

(Bayi ngumur 2, 3, 4, dintên, tanpa wilujêngan) botên kacariyos.

Mas Ayu: O, o, mbakyu, pusêripun pun bayèk coplok.

Nyai Ajêng: Pundi.

Mas Ayu: Punika.

Nyai Ajêng, a: Sampun puput, punika, kaparingakên [kaparingakê...]

--- 35 ---

[...n] kula gêdhongipun. Bok Jagakarsa, jupukna tenong dadahan kuwe.

Jagakarsa: Mênika.

a: Kowe rak wis dak prentahi andokoki mrica sajodho ginawe ambuntêti bolonging pusêr, jêbul kang kodokokake iki tumbar (verk. v. katumbar)

b: Emut kula tutuping pusêr punika, mênawi lare jalêr katumbar, lare èstri mariyos.

a: Kaelingamu kuwe kuwalik balêjêt, bênêre yèn bocah lanang mrica, bocah wadon katumbar, wis ta, jupukna mrica sajodho bae.

b: Inggih. mênika.

a: Kene. Kowe apa wis gawe bubukan sari (jêmbuling sêkar nagasari kagorèng ing sangan lajêng kalawêd).

b: Sampun, kula dekekakên ing cupu alit punika.

a: Lungna. (Mrica kêkalih lajêng kalêbêtakên ing bolonganing pusêr kaênêtakên ing tangan mawi kauwur-uwuran ing sari rumiyin). Kowe apa wis prigêl andublag si bayèk wis ngumur sapasar wiwit kêna didublag.

b: Dèrèng patos prigêl, dara.

--- 36 ---

a: Wis ta, ulêtna sêga lêmês ing bathok bae sathithik, sing lêmbut bangêt, lan bakarna brambang, kambi anjupuka gêdhang ambon tuwin gula krambil, ing salah sawiji worna ing ulêd-ulêdan sêga lêmês mau agênta-gênti, esuk karo brambang, awan karo gêdhang lan sore gula krambil.

b: Inggih sandika.

Nyai Ajêng, a: Bok Karyaboga.

Karyaboga, b: Kula.

a: Kowe blanjaa mênyang pasar, ginawe slamêtan sapasaran, lan kabênêr pupute si bayèk, dhèk mau pusêre wis coplok, mêngko bêngi jagongan.

b: Inggih. Wilujênganipun rak namung sêkul janganan, jênang abrit, jênang baro-baro tuwin jajan pasar kemawon ta dara.

a: Gene kuwi baud, ya wis bênêr kabèh, wis mêtua, daramu dèn bèi aturana rene (verk. v. mrene).

b: Inggih. Dara, panjênêngan dipun timbali ibu jêngandika dara nyai.

Tangkilan: Ibu ana ngêndi.

Karyaboga: Lênggah wontên ing gandhok.

Tangkilan: Wontên mênapa, bu, nimbali.

Nyai Ajêng, a.: Gilo pusêre anakmu rawatana, besuk [besu...]

--- 39 ---

[...k] dak kandhani gawene. Karo aja mung mikir bakal dhayohmu mêngko bêngi bae, ta, sarat-sarat uga pikirên.[5]

Tangkilan, b: Mênapa, bu, saratipun.

a: Omahmu awêrana lawe wênang mubêng, pipi lawang omah padha dokokana godhong girang, godhong widara, godhong lo lan godhong nanas, nganggo lerong-lerongana ênjêt lan angus ginawe êlêt, dadi kaya rupane ula wêlang, apadene dokokana ri kêmarung, iku dadi panulaking sarap sawan aja kongsi wani malêbu ing omah, wêdia dening sarana iku.

b: Sarap sawan punika punapa ta bu, kula rak dèrèng trang cariyosipun.

a: Sarap sawan mono saikine lêlêmbut, kadadian saka anake Puthut Jantaka, maune arupa khewan.

1. Sapi gumarang, luguning anake Puthut Jantaka,

2. Kuthilapas, kadadian saka bungkus,

3. Cèlèng Dêmalung kadadian saka kawah,

4. Asu ajag, kadadian saka ari-ari,

5. Kala Srênggi (= banthèng) kadadian saka gêtih,

6. Kala Murti (= kêbo) kadadian saka pêlêm,

7. Kala Randhing (= mênjangan) kadadian saka ilu,

8. Kala Wêlakas (= kidang) kadadian saka kunir (landhêsan pangêthoking ari-ari),

--- 40 ---

9. Tikus Jinada, kadadian saka coplokan ari-ari,

10. Taliwangke, kadadian saka ususing ari-ari. (zie Pwk. Blz. 43 en No. 1, 2, 3 en 4 voor S. T.).

Kabèh iku dadi sarap sawaning bayi, anggolèki panuksmaning Sri, iku kang kinuya-kuya arêp karabi, sirna dening Wisnu banjur dadi sarap sawan (= lêlêmbut). Karo gawea dolanane sadulure si bayèk kang lair barêng sadina, kang mêtu ing marga ina, kakang kawah adhi ari-ari, gêtih pusêr kalima pancêr.

b: Kula kok inggih dèrèng sumêrêp têgêsipun sadhèrèk ingkang lair sarêng sadintên, mêdal ing margi ina punika.

a: Wong wis gênah ngono kok ijik (= isih) takon, kakang kawah têgêse: kawah kang mêtu dhisik, adhi ari-ari, sok ana ari-ari iya mêtu kèri (= kari) nuli gêtih lan pusêr, kalimane pancêr si bayèk, karodene kuwi rak wis kasêbut ana ing layang kidungan.

b: Sampeyan mênapa apil, bu.

a: Apal manèh (= pisan) têmbange Dhandhanggula, rungokna tak urak-urakake.

ana kidung kêkadang pramati | among tuwuh ing kuwasanira [kuwa...]

--- 41 ---

[...sanira] | nganakakên saciptane | kakang kawah puniku | kang rumêksa ing awak mami | anêkakakên sêdya | pan kuwasanipun | adhi ari-ari sira | amayungi laku kuwasanirèki | angênakkên pangarah ||

punang gêtih ing raina wêngi | angrowangi Allah kang kuwasa | andadèkakên karsane | pusêr kuwasanipun | nguyu-uyu sêmbawa[6] mami | nuruti ing panêdha | kuwasanirèku | jangkêp kadang ingsun papat | kalimane pancêr wus dadya sawiji | nunggal sawujud ingwang ||

yèku kadang ingsun kang umijil | saking marga ina[7] sarêng samya | sadina awor ênggone | sakawan kadangipun | ingkang nora umijil saking | marga ina punika | kumpule lan ingsun | dadya makdum sarpin sira | wêwayangan ing dat rêke dadya kanthi | saparan datan pisah ||[8]

yèn angidung poma dèn mêmêtri (pass. Neuskl. = dimahat) | mêmulea kang golong lêlima | takir ponthang wêwadhahe | iwak-iwakanipun | iwak tasik rawa myang kali | sarta iwak bêngawan | mawa gantalipun (kênyohan sêdhah kawalik lajêng dipun tangsuli ing lawe wênang) [wê...]

--- 42 ---

[...nang)] | rong supit winungkus samya | apa dadya satunggal artanya dhuwit | sawungkus-wungkusira ||

tumpangêna nèng ponthang nyawiji | dadya limang wungkus ponthang lima | sinung sêkar cêpakane | loro saponthangipun | kêmbang borèh dupa ywa lali | mêmêtri ujubira | donganipun mahmut | poma dipun lakonana | sabên dina nuju kalairannèki | agung sawabe uga ||

balik lamun nora dèn lakoni | kadangira pan padha ngrêncana | têmah udra saciptane | sasêdyanira wurung | lawan luput pangarahnèki | sakarêpira wigar | gagar datan antuk | sing kurang tumêmênira | madhêp laku iku dèn awas dèn eling | tamating kêkidungan ||

b: Sapunika kula sampun mangrêtos. Mênggah dolananipun punika rak inggih salimrahipun kemawon ta bu, kados ta: umbul-umbul, gêndera, songsong, sami dalancang sarta kêrisan tuwin tumbakan dipun tancêbakên ing gadêbog.

a: Iya kaya mêngkono kuwi, karo mêngko bakda ngisa nganggo ngunèkna mrêcon, tăndha yèn wis puput.

b: Inggih.

Kala bok Sandilata madhahi ari-ari ing kêndhil rumiyin punika mawi puji, nanging botên dumugi, aturipun dhatêng sampeyan: [sampeya...]

--- 43 ---

[...n:] supe lajêngipun, punika sampeyan punapa inggih sagêd, bu.

a: Bisa manèh (= pisan).

b: Măngga kula aturi ngurak-urakakên malih.

a: Ah, êmoh (= suthik).

b: Botên bu, măngga nèh, badhe kula sêrati wontên ing primbon kok.

a: Gajêge ngene:

bêbukane golang-galing kaki (liniru: nini, yèn wadon) | putu banthèng wulong | kaki among nini among kiye | lah tunggunên gusti arsa guling | sira sun opahi | kang satriya mujung ||

kakang kawah adhi ari-ari | payo padha nglumpok | bok nirbiyah ladiyah dèn age | bathok bolu utuhe ywa kari | lan dhuwit rong dhuwit | dome aja kantun ||

bêras abang lawan lênga wangi | lan gantale loro | têtulisan ngarab myang jawane | lêbokêna ing kêndhil tumuli | sinrêbedan putih | sakarsa ? linabuh ||

kutu-kutu walang taga sami | barêng lair ingong | kang gumrêmêt kang kumêlip kabèh | lah tunggunên gusti arsa guling | sira sun opahi | jênang sungsun têlu ||

dandanane saking suwargadi | bathok isi konyoh | bathok tasik tapêl myang pupuke | ana gawa bokor lawan kêndhi | ana gawa maning | kêbut lawan payung ||

midadari gumrubyug nuruni | prasamya amomong | ana tunggu ing kanan keringe | ana gawa kasur lawan guling | kajang sirah adi | kêmul sutra [su...]

--- 44 ---

[...tra] alus ||

yèn ana bayi nangis ing wêngi | binêktaa gupoh | marang latar pojok lèr prênahe | pra lêluhur rawuh anyuwuki | mênêng aja nangis | jabang bayi turu ||

b: Nuwun, bu.

Nyai Ajêng, a: Bok Jaga.

Jagakarsa, b: Kula.

a: Kowe sing rada rigên, mêngko si bayèk rak dipangku para sêpuh gênta-gênti nganti sawêngi, esuk lagi kêna diturokake, ing paturone dokokana sarana, kowe rak wis sumurup adate, ta.

b: Sampun.

a: Apa.

b: Gandhik kacorèk ing apu kaestha tiyang, mawi irung, cangkêm tuwin mata, lajêng dipun gêdhong cara bayi, katilêmakên ing pasareanipun ingkang wayah, wontên ing tampah kalemekan godhong senthe. Punapa inggih makatên.

a: Hê êh, wis kabênêran.

b: Ambak-ambak kula dèrèng sumêrêp têgêsipun, amung grubyug tembo piwulanging têtiyang sêpuh makatên.

a: Têgêse sarana mau mêngkene, puputing bayi iku sarap sawan padha têka, sire

--- 45 ---

arêp ngêrah utawa misesa bayi, ora sumurup kêliru gandhik, nganti sawêngi sêdyane tanpa dadi, gandhik ora pasah kinêrah, banjur padha lunga kapok ora bali-bali, ora wêruh yèn bayine ora ana ing paturon, pinangku ing wong.

b: Kok busuk nggih dara, lêlêmbat punika, taksih kenging dipun apusi.

Nyai Ajêng, a: Iku dhêmit dhèk ing jaman kuna, yèn ing saiki ayake wis pintêr-pintêr.

Pak, wayahe si bayèk mang wêsiyati nama ta, niki êmpun sapêkên sarta êmpun puput.

Sasak: Iya ta, bêcike anjupuk jênênge bapak biyangne, tak jênêngake Radèn Bagus Suwarna bae, prayoga.

Nyai Ajêng: Ênggih, kula êmpun dhèrèk rêmên. Bèi, anakmu diparingi jênêng Radèn Bagus Suwarna.

Tangkilan: Inggih nuwun.

Nyai Ajêng: Bok Karyaboga, gawea slamêtan jênang abang, ginawe nylamêti kêpyake jênênge si bayèk, kaarana Radèn Bagus Suwarna.

Karyaboga: Inggih sandika.

Tangkilan, a: Sastraubaya, gawea layang ulêm-ulêm mênyang [mê...]

--- 46 ---

[...nyang] kănca sawatara, anaa priyayi salawe, gêdhene mênyang têlung puluh, ngaturi uninga olèhku duwe anak, lan mêngko bêngi kêbênêr sêpasare, tak aturi pinarak tirakatan. Ulêm samono mau têka saparo bae wis bêgja.

Sastraubaya, b: Mugi kaparingan ngèngrèng.

a: Lah, bok uwis kono kok urêk-urêk dhewe, mêngko tak owahane yèn kurang kêpenak.

b: Inggih sandika.

Sêrat saha ingkang taklim, Ngabèi Tangkilan, katur panjênênganipun ingkang rayi Radèn Ngabèi Dêmang Malang.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula ngaturi uninga nalika ... tiyang èstri rencang lare mêdal jalêr, saking pangèstu sampeyan sami ginanjar wilujêng sadayanipun.

Ingkang punika mênawi andadosakên dhangan ing panggalih saha sêla padamêlan, mangke dalu panjênêngan sampeyan kula aturi pinarak tirakatan dhumatêng ing griya kula, sangêt ing pangajêng-ajêng kula.o.

Kasêrat kaping ...

Ingkang raka ngabèi

Punika sampun.

a: Kene. Wis kapenak kabèh, mung têmbung pangèstu, salinana pamuji, awit kaprênah

--- 47 ---

nom, yèn kaprênah tuwa nganggo têmbung pangèstu. Banjur pacakên, yèn wis rampung kabèh bae tak tèkêne.

b: Inggih sandika.

Sasak: Bèi, kowe apa nganggo ngatur-aturi.

Tangkilan: Botên, namung kănca sawatawis.

Sastraubaya: Punika panggarap kula ulêm sampun rampung.

Tangkilan: Êndi, tak tèkêne kabèh. Nya, banjur lakokna saiki, panakawan bae kabèh konên anglakokake, warahên yèn tinêmu sare, konên ninggal aja diêntèni.

Sastraubaya: Inggih sandika.

Tangkilan: Glêdhêg-glêdhêg punika kados rayi sampeyan bapak Bêndung rawuh.

Sasak: Pêthukên ta.

Tangkilan: Nun inggih. Punika raka ijêngandika sampun rawuh lênggah wontên ing griya, lajêng dhatêng ing griya kemawon rumiyin.

Bêndung: Apa wis suwe kangmas, rawuhe (= rawuhe kangmas apa wis suwe).

Tangkilan: dèrèng dangu.

Sasak: Ngriki dhi, cêlak kula kemawon.

Bêndung: Inggih. Dèn bèi, mêtua nèk ana dhayoh, aku ana ngomah bae wong wis tuwa

--- 48 ---

nèk ngewuh-ewuhi bêcik tunggu bayi bae karo kangmas.

Tangkilan: Nun inggih.

Nyai Ajêng: Pak, samang mangku kriyin ta, didamêl sarat, mêngke tumuntên kêng rayi, tumuntên ibune, kula ngantuni mawon, mangke pukul-pukul tiga panggenan ambaliyut.

Sasak: Iya ta, sing duwe putu lanang gothot sapa, athik nganggo wêdi bliyut.

Nyai Ajêng: Milane.

Tangkilan of Tamu, a: Măngga-măngga, kados sêmadosan gumrubyug sêsarêngan.

b: Lasar inggih kangsèn kala wingi sagêda sarêng dhatêng pukul sanga, botên wontên ingkang brondong.

a: Măngga wedangipun sami kaunjuk.

b: Inggih.

a: Kaparêng lênggah kasukan, kangmas.

b: Prayogi, nanging kula pèi kemawon.

a: Adhi.

b: Kula sêtotêr kangmas.

a: Pun anak.

b: Kula kêrtu gangsal, bapak.

a: Mangke-mangke kula tatanipun, tamu wontên

--- 49 ---

20, ingkang lênggah sêtotêr 8, kêrtu gangsal 5, pèi kalih bangku 6, gunggung 19, kantun 1, gampil, mlêbêt dhatêng kêrtu gangsal inggih kenging, dados nêman, gundhul dados dika, nama pêtikan, mlêbêt dhatêng sêtotêr inggih kenging, dados sangan, bilih ingkang ngabên sampun wolon, ingkang ngasut botên kenging ngabên, sanadyan wêwah satunggal êngkas dados sadasan, inggih taksih kenging, ingkang ngêtèk botên kenging ngabên, sampun dados.

Tamu en tamu: Sampun

Sêtotêranipun kemawon ingkang sangan.

Prayogi.

Măngga wiwit tapuk.

Măngga

Sêtotêr.

Gêng tomprang saringgit-saringgit.

Kalih-kalih kemawon gampil pothenganipun.

Prayogi.

--- 50 ---

Kula nigani.

Măngga.

Sakawanan pisan.

Sampun, tigan kemawon, dhèr (ambanting cêpêngan wontên ing bangku angsal kalih ngas) sapa lawan (kalihan ngukup arta totohan kalih wêlas rupiyah).

Cilaka rong hir kampuh.

Măngga-măngga sintên ingkang ngabên (kalih ngas).

Kula (kalih hir).

Kula (kalih pro).

Kula (salikur rujuk).

Kula (17 kalawêr)

Kula ingkang atas (kalih ngas) udhunipun satangsul.

Măngga tumbas kangmas, nêm rampung.

Măngga namung sakawan rampung kemawon.

Prayogi.

Tigan parêng.

Sae.

Sampun dhi, dipun kasut.

Inggih, măngga dipun tèk tiga.

Inggih (dhêl, dhêl, dhêl).

Wo, pêjah pitulas gèsèh.

Cilaka, nêmbêlas gèsèh.

--- 51 ---

La, kula piton wolonipun namung gangsal wêlas, nanging rujuk. Mothèng kangmas kalihan kula, kula mênang tomprangipun, kangmas mênang agêngipun.

Inggih, ora nyana pitulas gèsèh bae mothèng.

Punika sampun kakasut.

Sampun.

Kula ingkang atas, lagi tingkêm satangsul.

Mlajêng-mlajêng.

Urut.

Sampun mlajêng sadaya.

Mangke, mangke, kula manahipun rumiyin, bêgja ndhèrèk bikak namung salangkung, nèk bêgogok ro ngas bae kêpriye.

Sarèh kula unthutipun rumiyin. Êlo kêtiban godhong gèsèh malah kolir, bêgogok têmênan, namung kalih ngas dhi, kawon.

Ladalah, ngampuh, ngukup wudhu ngukup tomprang.

Kêrtu Gangsal.

Sintên ingkang ngasut.

Dipun salaka wêdhar kemawon, mêndhêt kêrtu nyatunggal, sintên ingkang agêng piyambak ngasut.

--- 52 ---

Punika lêrês, dados botên damêl kêmèrèn.

La, la kalêrêsan, kula pikantuk sanga, kados agêng piyambak, sintên ingkang pikantuk sanga.

Botên wontên, sampun sampeyan kasut.

Inggih. Banjiranipun pintên.

Satêngah kemawon sêdhêngan, pasang tikêl kaping tiga sampun dados kalih rupiyah.

Dados, măngga wudhu ical satêngah.

Măngga. Gogoran.

Satêngah gor.

Tigan.

Sakawanan.

Gangsalan pisan.

Sampun, sampeyan tèk.

Sampun.

Apa gore kiye, dèngkèk.

E jèplèk bae jêbul ana kene (kalihan ngukup yatra saringgit).

Măngga sampeyan main.

Mangke ta, cêpêngan kula pêng-pêngan, dika sadaya.

Măngsa.

E, sampeyan yêktosi yèn maibên,

--- 53 ---

mangke (= yèn sampeyan maibên, mangke sampeyan yêktosi), sènggèt kêmbang (= cawang) lusi lusi lusi (pamuji sampun ngantos kêcêndhak[9] mainipun) wudun bumi (= gunung) lusi lusi lusi, mandhor tenong (= kucing) lusi, lusi, lusi, lindhu ambèn (= bêdor) lusi, lusi, lusi.

Jik (nyandhak gadhah bêdor) blêdhèk silit (sanga picis = plêcis).

Dadi awu dhèr (swaraning tangan nêbak meja) (punika ingkang nyandhak kantun piyambak, mênang totohanipun ngukup wudhu ical saringgit, mênawi mênang malih nama banjir, măngka taksih mênang malih nama ladhu).

Pèi.

Jungipun pintên.

Cagak lênggah sadasa sadhuwit kemawon, adhi.

Kêsangêtên ta, sasat andondomi, sêdhêngipun kawan dasa suwang. Te, satêngah kalih têngah, bêlah srupiyah, kawan atusanipun saringgit, dados bilih kawan atus gangsal rupiyah lêrês, kêjawi kenginganipun.

Sêdhêngan samantên punika, kula andhèrèk. Mangke măngsa sandea ajon-ajon tomprang [to...]

--- 54 ---

[...mprang] utawi uwul kawan atusan, botên.

Punika agêng-agêngan namanipun, kula ajrih.

Bathon kalihan kula kangmas, sapalih edhang.

Lah punika wontên kănca kula, măngga gangsal rampung.

Bèkès, kene mêkaoa

Inggih sandika.

Măngga dhi, sami yat-yatan.

Măngga. Kula kados agêng piyambak, sanga yat kula.

Inggih lêrês sampeyan ingkang dados raja, botên wontên ingkang nyamèni yatipun.

Sampeyan ingkang dados patih andum dum.

Inggih. Punika kenging ningali gendholan punapa botên.

Kenging. Sampun sampeyan ingkang dhahar.

Raja: Mangke ta, sawêg kamanah. Rujuk (nêdha kasut sami kasut).

Patih: (patih botên sagêd nututi nêdha kasut, amargi botên kiyon, pados nalar sanès), rujuk (nêdha sanga bang sami sanga bang).

Unyik: Wis ora kêna pinikir, mangan kasut, sangane bang mati, mangan sanga bang, kasute mati, padha-padha mati, bêcik mati barêng (lajêng nêdha sanga

--- 55 ---

bang, bikak iyo mêndhêt kasut) ladalah kêbênêran (têrus sabêtanipun pêjah-pinêjahan, nanging unyik anglokop (bikakanipun botên nate ical). Rampung gêbagan kapetang unyik pikantuk 420, patih 300, raja 250, sami kêbuntut sadaya). Adhi kenging 120 = tiga dados satangsul, te satêngah dados sangang wang, buntut srupiyah dados salikur wang, bêlah kalih têngah dados saringgit langkung satangsul, kawan atusan saringgit dados gangsal rupiyah langkung satangsul.

Inggih sampun lêrês.

Petangan sampeyan punika andangoni lampah awit nama amêrangi tatal, tiyang sampun dipun pathok, anggêr kawan atus inggih kenging gangsal rupiyah kantun metang kengingipun dasanan kemawon, kula kenging 170 = gangsal, dados gangsal rupiyah langkung gangsal wang.

Mangke kula kagalih kirang têrang.

Măngsa.

Inggih ta, sampun, mangke malih kemawon botên.

Bayaranipun bilih sampun kalih gêbagan kemawon, isarat sampun ngantos wontên grêjêg, punika sawêk sagêbagan sampun wontên sliringaning gèsèhipun pamanggih.

--- 56 ---

Sampun, sampun botên susah kagalih malih (katêrangakên sawatawis bab kêrtu agêng alit).

Sêtotêr.

Sêtotêr punika kêrtu agêng damêlan Walandi kangge kasukanipun tiyang Jawi, kathahipun 32 iji, namung kadamêl 4 warni, cêngkèh, jambu (cêmêng) jobin sarta towok (abrit), kaperang dados 8 golongan, ngas aji nyawêlas 4 warni, hir aji nyadasa 4 warni, pro aji nyadasa 4 warni, wadung aji nyadasa 4 warni (wadung cêngkèh nama klawêr, sagêd dados ngas, dados hir sapiturutipun, kados ta: salikur klawêr = kalih ngas, 17 kalawêr = kalih pithi, nanging agêngipun botên ewah, punapa ingkang dipun wori, awor ngas inggih salikur, awor piton inggih namung

--- 57 ---

pitulas. Wadung jambu nama cakrama = klawêr, nanging inggahing cakrama wontên wêwênangipun ingkang atas, sarta namung tumraping kêrtu sakawan, kangge blim tingkêm angsal limalas rujuk kêcêngkik, kapêksa kêdah ngabên). Dasan patang warni sangan 4 warni wolon 4 warni piton 4 warni.

Ingkang mênang piyambak kawan ngas, lajêng kawan hir sapiturutipun, utawi tigang ngas, tigang hir sapiturutipun, kalih ngas, kaanggêp dados (22) nanging kalih hir botên, rujuk sakawan nama plus. Ingkang mênang piyambak 41, lajêng 40, sapiturutipun dumugi 34. Utawi rujuk tiga 31, lajêng 30, sapiturutipun dumugi 24. Utawi rujuk tiga rujuk kalih 21, lajêng 20, sapiturutipun dumugi 15, nanging plus, kawon kalihan kawan dados, makatên ugi rujuk tiga 31 kawon kalihan tigang dados (21) tigang pithi, rujuk kalih (21 enz)

--- 58 ---

kawon kalihan kalih ngas, nanging kalih hir kawon kalihan rujuk (15) kalih ngas (22), kawon kalihan rujuk tiga (24).

Kêrtu kalih duman sapisan punika kenging dipun tohi jaman 100 taun minggah, agêng sarta hir pro, nanging sarêng 100 taun mangandhap dumugi sapriki ingkang dipun tohi agêng tomprang agêng kathah-kathahan cacah, tomprang angsal-angsalan kalih dados utawi rujuk.

Tumbas ijèn utawi tigan (sakawanan botên cara) (nanging sapunika agêng tomprang sarta tumbas malah wolon) têgêsipun nusul tumut ngabên, sanadyan gèsèh inggih dipun abên, pêrlunipun mênang-mênangan tomprang kalihan mêngsah ing rencangipun nusul, sukur sagêd dados sarta sagêd mênang wudhunipun, botênipun anggêr mênang tomprangipun sampun.

--- 59 ---

Salikuran.

Sêtotêr kasêbut ing nginggil 32 iji, kajangkêpakên sadaya, inggih punika kawêwahan kêrtu kar-karan:

Nêman 4 warni, gangsalan 4 warni, sakawanan 4 warni, tigan, ron » winastan kuncung 4 warni, gunggung 52 iji

Kenging ijèn dumugi wolon, ingkang mênang andundum, nama pot utawi dados bandar, mêngsah tiyang pitu, lajêng dipun dumi nyatunggal rumiyin, awakipun inggih mêndhêt satunggal, tumuntên dipun dumi nyatunggal malih, awakipun inggih mêndhêt satunggal malih, manawi wontên ingkang angsal kalih ngas, utawi salikur kêrtu kalih wau, kabikak (sampun mênang) ananging mênawi ingkang pot angsal kalih ngas, utawi salikur, sadaya kawon, sanadyan ingkang sampun angsal kalih ngas utawi salikur wau inggih kawon sami bayar udhu sadaya, nanging mênawi mawi tomprang, baul, dene mênawi wontên ingkang angsal salikur walandi miyambaki, [mi...]

--- 60 ---

[...yambaki,] gêntos dados bandar. Mênawi bandar botên angsal salikur, ingkang atas mêndhêt rumiyin kenging mêndhêt ngantos kaping gangsal, mênawi botên pêjah nama kèngsi, mênang kalihan pot, mênawi pêjah lajêng kabucal kemawon, kawon kalihan pot, nanging mênawi gêsang kêrtu tiga sakawan (16-21) dipun tutup tanpa bikakan, tumuntên ngandhaping atas mêndhêt inggih kados makatên wau, sapiturutipun dumugi bandar mêndhêt kantun piyambak, mênawi angsal salikur utawi kèngsi, sadaya kawon, wudhunipun, kajawi ingkang kèngsi rumiyin (sampun mênang), manawi gêsang, ngabên kathah-kathahan, bilih sami, mênang bandar, kawonipun bilih kaot satunggal sapiturutipun, sanadyan pêjah taksih mênang kalihan ingkang pêjah rumiyin. Dene ingkang tumraping totohan sanèsipun wudhu botên makatên, ingkang angsal kalih ngas utawi salikur rumiyin, sampun mênang, bilih sami angsalipun, baul. Kêrtu tiga utawi sakawan sami kathahipun, utawi sami pêjahipun inggih ugi baul, mila pêjah gêsang katingkêm kemawon, pambikakipun saking panêdhaning mêngsahipun (ngabên).

--- 61 ---

Kêrtu.

Kêrtu alit punika damêlan Cina kangge kasukanipun têtiyang Jawi, kathahipun 120 iji, ananging namung kadamêl 30 warni, sarta lajêng kaperang dados 10 bagian saperang-peranganipun kadamêl 3 warni, saha sami ajinipun ing dalêm sawarni cacahipun 4 ping 30 = 120, mantuk kados ing nginggil wau.

a. kêrtu satangsul = 60 = ½ lampahan

b. kêrtu 2 tangsul = 120 = salampahan

c. kêrtu 3 tangsul = 180 = 1 ½ lampahan

d. kartu 4 tangsul = 240 = 2 lampahan

a. Kangge kêrtu gangsal (tiyang gangsal utawi nêm) sarta thothit gambêlok (tigan utawi namung ijèn).

b. Kangge thothit (tigan utawi namung ijèn) sarta kangge kowah (sakawanan) kasukanipun têtiyang èstri, punapadene kangge pèi (tigan utawi namung ijèn) tuwin kangge bêlit (ijèn dumugi gangsalan) kasukanipun têtiyang jalêr.

--- 62 ---

c. Kangge kowah nêman, kasukaning pangantèn.

d. Kangge thothit sakawanan, kasukanipun para putri.

Mênggah warnining kartu kados ing ngandhap punika:

1. Iyo kasut,[10] kucing bêdor aji 1 of 11.

2. Ro plompong, dèngkèk cina of dhimpil

3. Têlu, tambur gunung cina of ciwir

4. Pat, tambur cawang cina of nyonyah

5. Lima, kanthong lintrik cina of babi

6. Nêm, kêrok kleja cina

7. Pitu, kera lintrik cina

8. Wolu, picis lintrik cina

9. Sanga, picis of glindhing bang cina

10. Iyo, ratu kênci gundhul of pêtik.

--- 63 ---

Kêrtu Lima.

Kasukan kêrtu gangsal punika ingkang kadamêl baku cina lintrik, dika utawi abang irêng, kados ta:

1. Dika sadaya sarta irêng sadaya 6 ... 6

2. Sami gadhah 4 - 2 ... 2 - 2 - 2

3. Sami gadhah 4 - 2 ... 2 - 2 - 2

4. Sami gadhah 4 - 2 ... 2 - 2 - 2

5. Sami gadhah 2 - 4 ... 2 - 2 - 2

6. Dika 2 cina 1 4 - 2 ... 4 - 2 - 2

7. Lintrik 2 cina 1 2 - 4 ... 4 - 4 - 2

8. Lintrik 2 cina 12 - 4 ... 4 - 4 - 2

9. Lintrik 2 cina 1 2 - 4 ... 4 - 4 - 2

10. Cina sadaya sarta abang sadaya 6 ... 6

ab. ir ... dik. lint. chi.

Gunggung 30-30 ... 18-20-22

Petanganipun: abang 30 irêng 30 = 60

Sarta dika 18 lintrik 20 cina 22 = 60

Ro plompong, tiga sakawan tambur, wolu sanga picis kalêbêt petangan lintrik utawi [u...]

--- 64 ---

[...tawi] nama lintrik cêmêng. Sanga bang, wolu, pitu, gangsal lintrik, nama lintrik abang.

Kêrtu nginggil piyambak pungkasaning dumduman lajêng kabikak nama gor, punika dipun totohi nama gor-goran, sintên ingkang angsal gor mênang, utawi dipun totohi abang irêng tuwin cina lintrik, sintên ingkang kalêrêsan pêthèkipun, mênang.

Bilih pamainipun mênang kaping kalih nama banjir, bladhêg mênang kaping tiga nama ladhu, punika dipun pasangi tumikêl-tikêl, kados ta: pasang satali kawon, dados satêngah kawon malih dados sarupiyah, mêksa kawon malih dados kalih rupiyah, makatên salajêngipun, punika botohan ingkang cuwak piyambak. Mênggah wijanging kêrtu sarta kuwasanipun kados ing ngandhap punika:

a. Cina ingkang agêng piyambak: ratu, ambawahakên kênci, kênci ambawahakên ro, têlu sapiturutipun dumugi sanga cina, gundhul kalêbêt cina bilih main gangsalan, sarta sadaya wau nama cina cilik tanpa undha usuk, kalih cina sagêd amêjahi sanga cina, bilih botên wontên ratu kênci.

b. Sanga bang ambawahakên wolu, pitu lima lintrik.

--- 65 ---

Sanga picis ambawahakên wolu picis, kalêbêt bangsaning lintrik.

Pat tambur ambawahakên tiga tambur, kalêbêt bangsaning lintrik.

Cina (ratu) lintrik, (sanga bang, sanga picis, pat tambur) agêng, botên pêjah dening cina lintrik alit, nanging kêdah tumut kamainakên nama bêri, pêjahe sami bangsanipun, ratu sami ratu enz. Saminipun dika sami dika.

c. Dika botên bawah-binawahakên, candhakan sami satunggal.

Gundhul nama pêtik sarta kalêbêt dika bilih main nêman utawi nama pêtikan.

--- 66 ---

Thothit Gambêlok = ro luh. (verk. v. loro sapuluh).

Kasukan thothit gambêlok lett. a. punika kasukaning lare tigan utawi ijèn, mênawi tigan, cêpênganipun 7 x 3 = 21, bikakanipun 6 x 3 = 18, ingkang mêngkurêb 21 = 60.

Ingkang dipun dumi rumiyin raja, 7 bikakan, ênêm, lajêng patih 7, bikakan, lajêng unyik 7, bikakan 6 = 21 en 18, satirahipun 21 ingkang mêngkurêb, gunggungipun sami kados ing nginggil wau = 60.

Mênawi ijèn, cêpêngan sarta bikakanipun sami nyadasa x 2 = 20 x 2 = 40, ingkang mêngkurêb 20 = 60.

Unyik dipun bikak, nanging patih botên kenging ningali gendholan, raja nêdha rumiyin, tumuntên patih lajêng unyik, wangsul dhatêng raja malih enz. Ngangkah pikantukipun abrit (ratu, kênci, sanga bang) sadaya abrit sanadyan namung satunggal ajinipun 10, kêrtu cêmêng sanèsipun kêdah pikantuk rujuk, sawêg gadhah aji 10, bilih gèsèh botên dados utawi [u...]

--- 67 ---

[...tawi] tanpa aji, watêsing pêjahanipun 40, agêngipun 100 minggah, mênang totohanipun.

Thothit Tigan Salampahan, Lett b.

Cêpênganipun 14 x 3 = 42, bikakanipun 12 x 3 = 36, ingkang mêngkurêb 42 = 120.

Thothit Sakawanan Kalih Lampahan, Lett d.

Cêpênganipun 20 x 4 = 80, bikakanipun 20 x 4 = 80, ingkang mêngkurêb 80 = 240.

Thothit punika nêdha, ambucal sarta ambikak agêgêntosan, ingkang rumiyin raja, lajêng patih, lajêng unyik, ngangkah pados rujuk sakawan, ajinipun 10. Bilih namung angsal rujuk 3, inggih namung aji 3, rujuk 2, botên dados, namung ratu, kênci, sanga bang ajinipun sanès, angsal rujuk 4, ajinipun 20, rujuk 3 ajinipun 10, rujuk 2 botên dados, nanging têksih gadhah aji 2 sanadyan namung angsal 1 inggih gadhah aji 1, mila sami amêrlokakên nêdha abrit, sintên ingkang angsal rujuk sakawan kathah, punika ingkang mênang piyambak, pintên kaotipun tinimbang kalihan ingkang pikantuk rujuk sakawan sakêdhik, inggih punika ingkang dados pikawonipun, [pikawoni...]

--- 68 ---

[...pun,] saupami tohipun sadaya suwang, bilih kaot 10, bayaranipun suwang, kaot 15 kalih tèng, makatên salajêngipun, namung ingkang kawon piyambak kajawi bayaran baku mawi tambah bayar malih nama te (= dhêndha) satali punapa satêngah.

Kowah.

Kasukan kowah cêpênganipun 11, ingkang main 12 tanpa bikakan, kêrtu ingkang dipun bucal kenging kapêndhêt dhatêng mêngsah ing ngandhapipun (têngên) kajodhokakên kalihan cêpênganipun, lajêng gêntos ambucal, bilih botên ajêng dhatêng bucalan wau, lajêng mêndhêt kêrtu mêngkurêb sisanipun ingkang kapêndhêt dados cêpêngan nama ngiyuk, dene pangangkahipun pados jodhoning cêpêngan niga niga utawi 3 x 3 = 9, namung janji sami angkanipun kemawon utaminipun sami warninipun nama bak utawi mata (gadhah aji indhaking bayaran utawi kadamêl petangan bilih mawi angêpot yatra utawi barang, sintên ingkang pikantuk bak rumiyin piyambak kathahipun 12, punika ingkang mênang totohanipun) ingkang kalih kêdah pados sami angkanipun, bilih sampun pikantuk sami nama:

--- 69 ---

1. Sampun gadhah bak, sawungipun gèsèh nama mêtu kowah.

2. Sampun gadhah bak, sawungipun rujuk nama mêtu cêki kowah.

3. Sampun gadhah bak, sawungipun rujuk mêdal gèsèh nama mêtu kowah = no 1.

4. Dèrèng gadhah bak, sawungipun rujuk nama mêtu nocok cêki.

5. Dèrèng gadhah bak, sawungipun gèsèh sanadyan mêdal botên dados.

Lajêng ambikaki kêrtu ingkang mêngkurêb, sintên ingkang mêdal cêkènipun rumiyin, punika ingkang mênang, mênawi mêdal ngajêngipun piyambak nama rabas, punika langkung kathah bayaranipun tinimbang mêdal tăngga (mêngsahipun) sarta mawi dipun totohi piyambak nama rabasan, ajining bak cêkèn tikêl kalihan bak ingkang wontên cêpêngan. Dene mênawi cêpênganipun angsal kalêmpak gangsal utawi ngantos wolu, ingkang rujuk kalih kalih kenging kadamêl cêki nama nokang, punika sakeca piyambak.

Pèi.

1. Bunci bang, ratu, kênci, sanga bang.

2. bunci irêng, kasut, plompong, têlu bêcik (= têlu tambur) kenging kasambêtan pat [pa...]

--- 70 ---

[...t] tambur, kanthong, kêrok, kero, wolu pang (= picis) sanga macan (= plolo, glindhing, utawi picis), bunci bang, irêng, wau ajinipun sami 13.

3. Keyang, kucing, wolu keyang (= lintrik), sanga keyang (= cina) ajinipun 12.

4. Pang, dèngkèk, ro cina, wolung pang utawi wolu kêrok (= picis) ajinipun 11.

5. Macan, bêdor, gundhul, sanga macan, sanga plolo utawi sanga glindhing (= picis) ajinipun 10.

Liya punika namung kangge petangan punapa ajinipun.

Cêpênganipun 14 x 3 = 42, bikakanipun 36, ingkang mêngkurêb 42, gunggung 120, dados sami kalihan thothit tigan.

Raja nêdha utawi ambucal sarta ambikak rumiyin, tumuntên patih mawi kenging ningali gendholan (bikakan ingkang kantun piyambak sangandhaping unyik, kenging dipun tingali piyambak) wusana unyik (anggadhahi bikakan ingkang kantun piyambak sarta kabikak nama unyik) mila bilih cêpênganipun ingkang kantun piyambak tumbuk kalihan unyik, nama tungguk.

--- 71 ---

Pangangkahipun, andadosakên warni tiga ing nginggil wau sadaya, sarta amêjahi mêngsahipun (ngangkah rujuk tiga utawi ngêbyuk sakawan) bilih pikantuk warni tiga wau nama dados sarta mênawi pikantuk malih ing salah satunggilipun, kalêbêt tumut dados, namung bunci irêng botên namung ingkang warni tiga sampun turut wêwahanipun inggih kêdah turut ugi, kasut, plompong tiga sae kêdah ngalih utawi niga nama bunci rangkêp, bilih botên turut, wêwahanipun botên dados, dados beda kalihan ingkang kathah-kathah, dene wêwahanipun pat tambur, lima kanthong sapiturutipun inggih kêdah turut, dene mênawi botên sagêd dados, namung kalêbêt ing petangan punapa ajinipun, sarta sawarnining iyo namung aji nyatunggal, mila sakalangkung awrat bilih angsal iyo sarta ro botên dados, nama gendhongan.

Bilih sampun rampung pamainipun lajêng kapetang kathah-kathahan pikantukipun, ingkang angsal kawan atus minggah punika ingkang kathah piyambak sarta mênang totohanipun kawan atusan, kawan bêlahan, ambuntut (te: rangkêp kiwa têngên) bayaranipun kathah. Angsal 350 minggah nama kawan bêlah, punika sampun [sampu...]

--- 72 ---

[...n] kalêbêt agêng sarta mênang totohanipun kawan bêlahan, angsal te saking ingkang kawon piyambak sarta bayaran saking kiwa têngên, kirangipun saking kawan bêlah ingkang agêng piyambak namung angsal te sarta bayaran, ingkang dhawah têngah ambayari pikawonipun dhatêng ingkang mênang piyambak sarta anampèni bayaran pamênangipun saking ingkang kawon piyambak, pintên kaotipun petang jung, saupami sadasa sadhuwit, kaot satus bayar suwang, kawan dasa kêthip kaot sèkêt dumugi wolung dasa bayar kalih kêthip. Satus satali kaot satus sadasa bayar satêngah. Mênawi botên sagêd angsal kalih atus, pêjah, kêbuntut utawi bayar te rangkêp.

Bêlit.

Kasukan bêlit punika kasukan ingkang kasar piyambak tinimbang kalihan kasukan kêrtu sanèsipun, enggal manasi, iribanipun kados salikuran (pados salikur), bêlit pados angsukan (15), nanging botên nama limalasan, ingkang dipun angge kêrtu alit salampahan, ijèn, tigan (kenggalên) sakawanan (sêdhêngan), gangsalan, nêman (kêdangon), nanging tanpa watês.

--- 73 ---

Iyo cêmêng kangge petangan 1 utawi 11 zie 1 bov. mila sawung iyo kadhawahan sakawan mangsuk 11+4 = 15, nanging mênawi kadhawahan ratu iyo abrit = 10 zie. bov. botên pêjah, awit lajêng kadamêl petangan 1+10 bêlit, 11 kakurêbakên, namung awakipun piyambak ingkang sumêrêp utawi kenging mêndhêt malih, nanging langkung saking petangan 15 pêjah. Watêsipun mêndhêt kêrtu namung kaping 4, dados cacahing kêrtu 5, kalêbêt sawungipun. Bilih petanganipun kêrtu 5 iji wau kirang saking 15 nama mangsuk kêrtu. Saupami sawung iyo = 1 mêndhêt namung tansah kadhawahan ing iyo kemawon ngantos rambah kaping 4 (= 5 kêrtu), sanadyan petanganipun sawêg 5 nama mangsuk kêrtu, mênang totohanipun.

Ingkang mêndhêt rumiyin piyambak nama atas, lajêng ngandhape saurutipun mênawi ingkang nginggil kêrtunipun mangsuk, ingkang ngandhap kawon sadaya, kosok wangsulipun mênawi ingkang nginggil pêjah sadaya, ingkang ngandhap piyambak mênang tanpa mêndhêt kêrtu, mênawi ingkang nginggil namung bêlit, ingkang ngandhap mangsuk, mênang ngadhap, nanging mênawi sami bêlit sarta ingkang ngandhap purun anglanggar (ngabên kathah-kathahan petanging cacah) mênawi [mê...]

--- 74 ---

[...nawi] sami, ingkang nglanggar kawon, nama kawon atas kados salikuran wudhu.

Sigêg, wanci pukul 1 pisêgah sêkul ladha pindhang mêdal, lêgi-lêginipun pisang mas, lajêng bibaran, namung ingkang kasukan pèi lajêng, ngantos dumugi enjing sawêk bibar.

Nyai Ajêng: Bok Karyaboga, mêngko kowe gawea ambêngan slamêtan sapasar.

Karyaboga: Inggih sandika. Rak namung sêkul janganan (tumpêng), jênang (abrit, pêthak, baro-baro), kalihan jajan pasar kemawon ta, dara.

Nyai Ajêng: Iya. Pak, kula ajêng mantuk ngasokakên badan, wong êmpun sapêkên prasasat botên sagêd anglêgèyèh, gêntosan kalih kêng rayi mas ayu, beda kalih sampeyan tuwin kêng rayi Mas Bèi Bêndung, mung rawuh sabên dalu mawon, sanadyan mungoni, nanging bêdhug êmpun bibar.

Sasak: Iya ta, wong wis jênêng ora ana pagawean. Pamonge si bayèk wis ana: bok Jagakarsa, sarta esuk sore isih didadah ing dhukun bok Sandilata, bakal nganti salapan dina kaya wis ora ana kang dadi ati.

Mas Ayu: Kula inggih dhèrèk badhe mantuk, bakyu,

--- 75 ---

pancèn sampun badhe kumêcap nyuwun pamit ing sampeyan, kasêlak sampeyan ngandika badhe kondur.

Nyai Ajêng: Inggih ta.

Mas Ayu: Sayêktos bakyu, kalihan kêng rayi dintên punika badhe saos.

Sasak: Ayo ta, saiki bae sisan mêtu Pasar Kliwon, ngiras ngampirake adhimu mas ayu. Wis ta, ndhuk, aku mulih karo ibu-ibumu. Bojomu isih turu ana ing pandhapa karipan olèhe nêmoni dhayoh mau bêngi.

Radèn Ngantèn: Inggih. ibu benjing-enjing kula aturi wangsul.

Nyai Ajêng: Apa niyat mulih mung dianggo sarat bae.

Radèn Ngantèn: Mang[11] mawon ta bu.

Mas Ayu: Suthik.

__________

Radèn Ngantèn: Bok Karyaboga, dina iki salapane putumu dèn bagus, gawea slamêtan tumpêng, lan inthuk-inthuk, bathok bolu (bolong ngandhap) dipun lambari godhong lajêng dipun dèkèki arêng jati sarta katul, lajêng dipun tumpangi godhong malih, lajêng dipun sèlèhi uncêt (pucuk tumpêng) pucukipun dipun tancêbi brambang tuwin lobok abrit, tigan gumlundhung, [gu...]

--- 76 ---

[...mlundhung,] sajèkna ing dagan paturoning bayi tumpangna ing papon. Lan sabanjure ing têmbe buri yèn si thole kanginan, gawèkna inthuk-inthuk kaya mangkono mau, ora susah tak prentahi manèh, mangkono manèh sabên wêtone tinêmu ganjil, kaya ta 3, 5, 7, 9 lapan, gawèkna tumpêng kaya saiki, nanging yèn tinêmu ganêb 2, 4, 6, 8, 10 lapan ora, mung tukokna sêga janganan bae sêtêlon (3 ½ duit) awit wêtone si thole Salasa Lêgi, upama Sêtu Pahing iya sanga dhuwit, mêngko sadhela sibu rak nuli rawuh, yèn durung korakit, kowe didukani.

Karyaboga: Inggih sandika (krètèk-krètèk) punika kados swaraning kareta, la la inggih ibu ijêngandika rawuh. Kula mêdal, dara.

Radèn Ngantèn: Iya.

Nyai Ajêng: Dhuk, si thole êndi.

Radèn Ngantèn: Dipun êmban pun Riwug wontên ngèmpèr kilèn, kados badhe tilêm.

Nyai Ajêng: Kêbênêran arêp dak cukur iki wêtone (salapan dintên) sarta wis dak sangokake lading panyukuran pisan, dak mrana bae sadhela. Êndi Wug, dak cukure.

Riwug: Măngga.

--- 77 ---

Nyai Ajêng: E, Sèdhêt, jupukna sabun kae dirikat.

Sèdhêt: Inggih. Punika.

Nyai Ajêng: Lah wis bagus, rêsik durung nglilir. Bèi.

Tangkilan: Kula.

Nyai Ajêng: Gilo, iki rambute anakmu cukuran sapisan rawatana, tunggalna dadi siji karo taine kalong lan coplokane pusêr. Pêrlune ing têmbe buri yèn anakmu wis gêdhe, gawèkna ali-ali giligan, mas utawa suwasa, bobote satai kalong lan sarambut cukuran sapisan winor dadi siji. Dene coplokan pusêr iku, yèn ana karêpe anakmu dhêmên marang aji jaya kawijayan kadigdayan lan kanuragan, ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda, coplokan pusêr iku dèn untala, insaallah dadi kêdhotan, sakèhing gêgaman kang tumiba ing awake amêsthi kalis ora bisa tumama.o. Karodene manèh bakal aduse patang puluh dina bojomu mung kurang patang dina, iku kogêdhe apa ora.

Tangkilan: Bok inggih namung mêndhêt pêrlunipun kemawon kadospundi, namung wilujêngan sêkul janganan saha ngaturi para sêpuh sawatawis nguningani ing adusipun, tiyang kala tingkêb [tingkê...]

--- 78 ---

[...b] sampun kaagêngakên, kalihdene malih adus kawan dasa dintên kaagêngakên punika rak anggènipun tiyang agêng, mênawi tiyang alit ingkang dipun agêngakên tingkêban, ewadene kula namung dhèrèk karsanipun ibu.

Iya ta wis, mung dijupuk pêrlune bae.

__________

Radèn Ngantèn: Bok Karyaboga, kowe mêngko gawea slamêtan sêga janganan (tumpêng) kaya adat. Lan kowe bok Jagakarsa gawea banyu kêmbang sataman sarta lăndha mêrang banyu asêm nganggo kêmbang sing wangi-wangi banjur dokokna ing jamban pasiraman kulon, êngko aku arêp adus kramas kabênêr patang puluh dina, ibu ibu kang bakal rawuh mrene. (Botên kacariyos patrapipun, amargi namung adus salimrahipun kemawon, namung kaot wontên ing toya sêkar sataman, sarta lajêng ngadi busana anggêgănda, agêlung sêkar, punika wiwitipun kenging tinunggil tilêm dhatêng ingkang jalêr).

(Wilujêngan 2, 3, 4, 5, 6 lapan, kajawi sêkul janganan, botên wontên, mila botên kacariyos.

--- 79 ---

Radèn Ngantèn: Bok Karyaboga, mêngko pitung lapan utawa pitung wêtone putumu dèn bagus, tumbuk wuku (tingalan pawukon wolung wulan lumampah = 7 wulan, 3 of 4 dintên) bakal mudhun lêmah, gawea slamêtan sêga janganan kaya adat, lan gawea juwadah 7 têtêl warna pitu, abang, irêng, biru, kuning, putih, wungu lan jambon, têtêlane sing cilik-cilik bae, wis ta nuli lakonana.

Karyaboga: Inggih sandika.

Paribayungan: Kula nuwun dara.

Tangkilan, a: Majua bae pak.

Paribayungan, b: Nun sampun dara, punika kula ngaturakên pamundhut sampeyan uwos para dhahar saha kambangan tuwin sambêran kangge wilujêngan pitung lapanipun putra sampeyan, kalihan pantun tuwin jujutan sakêdhik, punapadene rosan rêjuna tigang lonjor, kangge isarat mêdhun siti. Punapadene malih kula ngaturakên pasumbang babaran saprapat paos.

a: Bêrase pirang dangan, pak.

b: Ingkang para 10 bêthakan, ingkang dhahar 5 bêthakan.

a: Bèbèk pitike.

b: Kambangan 2 sambêran kêmanggang 4.

--- 80 ---

a: Wis cukup samono bae. Bêras lan bèbèk pitike pasrahna marang bok Karyaboga, têbune gawenên ăndha, kang rong lonjor dadi adêg-adêg, kang salonjor kêthokana sacêngkang-cêngkang ginawe untune, dokokana sujèn kiwa têngên, tancêbêna ing adêg-adêg mau, yèn wis dadi pasrahna para nyaine sibu, aran Si Sèdhêt, warahên mêngko yèn sibu wis rawuh konên ngaturake, karo pari lan kapase iku pisan, dhuwite etungên ing kono.

b: Inggih sandika. Punika dara, sampun jangkêp.

a: Pira.

b: Tiga wêlas têngah ringgit prah (= f. 25).

a: Pajêge rak 50 reyal 27 wang.

b: Lêrês, mila saprapatipun 12 ½ ringgit.

a: E, iya, reyalane kok gèsèh.

b: Mênawi ladosan pasumbang raja pundhut saminipun namung ngladosi reyalan prah, ingkang kêdah reyalan sêpuh namung paos.

Tangkilan: Ya wis ta, tinggalên ing kono bae. Nimpuna.

Jayanimpuna: Kula.

--- 81 ---

Tangkilan: Gulo dhuwit pasumbang saka Bêkêl Jêthis tunggalna karo dhuwit pasumbang liyane kang pancèn ora mêtu.

Jayanimpuna: Inggih sandika.

Paribayungan: Nigi lhe yu, bêras para dhahar, bèbèk pitik king (verk. v. saking) kula, dhawahe dara bèi dikakake masrahake têng dika.

Karyaboga: Bêrase mang dèkèk ing dobong mawon pisan, para awor para, dhahar awor dhahar, bèbèk pitike mang lêbokake ing kandhang ngriku.

Paribayungan: Ênggih. Gilo Dhêt (verk v. Sedhêt) ăndha têbu, pari satêkêm lan kapas sadhompol caosna dara nyai mêngko nèk wis rawuh, saka dhawahe dara bèi.

Sèdhêt: Pundi. Mênika dara ăndha têbu, pantun tuwin kapas saking ngajêngan, dhawahipun raka ijêngandika kadhawahan ngaturakên ibu ijêngandika dara nyai mangke mênawi sampun rawuh.

Radèn Ngantèn: Dokokna ing kono bae dhisik, sibu rak nuli rawuh. La kae apa wis rawuh ana ing latar, ibu nyai karo ibu mas ayu.

Nyai Ajêng, a: Dhuk, kowe wis mirantèni slamêtan sarta sarat-sarat.

Radèn Ngantèn, b: Wilujêngan sampun ibu, namung isarat [isara...]

--- 82 ---

[...t] sawêk jadah warni pitu, ăndha têbu, pantun sarta kapas sampun wontên, toya sêkar sataman inggih sampun wontên.

a: Bêras kuning saisine.

b: Punika dèrèng, pancèn kula sumanggakakên ibu.

a: Lah iki wis dak gawakake pisan saisine, anggris, rupiyah, wukon, talèn sarta dinar mas utawa anggris rupiyah, wukon sarta talèn salaka wis pêpak kabèh, rajabrana sing pêrlu-pêrlu iya wis ana, gêlang, kalung, kroncong, ali-ali sapanunggalane. Wis ta ayo nuli dikur-kuri, si thole êmbanên.

b: Inggih. Punika kêdah mudhun kemawon ibu.

a: Ta wis dhunna dhasar arêp didhunake. Rene, rene le rene. Mêngko tak tetahe cik bèn ngidak-idak jadah kuwe. La iya gèr mêtu kene wong bagus, ayo sikile munggah ngăndha. Wo sêmpal untune, kurang bakuh olèhe nancêpake, munggah manèh munggah manèh gèr sikile. We sêmpal manèh, wis, wis, wis bubrah. Kuwi ndhuk kurungane, kurungna kene. Gilo gilo bokore

--- 83 ---

gèr, gonên dolanan, we, pari karo kapas sing dijupuk, besuk dadi pyayi desa nyêkêl bumi pangrêmbe, wis wis, rene rene gèr, adus banyu kêmbang sataman, cik bèn bagus. Kene sayake sêmbagi putih kuwi, gêlang kalunge diênggo ya gèr, wah baguse (punika wiwitipun bayi kenging ngangge mas intên). Kene kene linggih klasa pasir. Dhi, mas ayu, bokoripun punika sampeyan pêndhêt mriki, sampeyan kur-kuri pisan.

Mas Ayu: Inggih. kur kur kur (nguwur-uwurakên wos kuning ingkang dipun wori yatra mas salaka tuwin rajabrana) jupuk apa jupuk apa, we anggris êmas sing dijupuk, besuk bakal brèwu.

Nyai Ajêng: Sampun dumugi dhi, bibaran.

__________

Radèn Ngantèn, a: Bok Karyaboga, mêngko kowe gawea slamêtan tumpêng kaya adat, nyêtauni putumu si thole.

Karyaboga, b: Punika rak dede dintên Salasa Wage tingalanipun putra sampeyan dara dèn bagus ta dara.

a: Busuk kowe kuwi, tingalan taun iku ora metung dina pasarane, mung metung tanggaling [tang...]

--- 84 ---

[...galing] laire pêndhak rolas sasi, kaya ta bocah lair sasi Rabingulakir tanggal ping 10 wêtone taun ya mbesuk Rabingulakir tanggal kaping 10, dadi etunging taun loro, nanging ganêping sasi lagi 12, = sataun bênêr. Yèn tingalan wukon metung tumbuking wuku, upama laire wuku Landêp, besuk wuku Landêp manèh ing dina pasaran laire ing kono ta mêsthi ana, iku kabênêr wêtone, petunge bênêr 6 lawan 8 sasi lumaku (= 7 sasi 3 of 4 dina). Karodene manèh kowe gawea jênang gaul, nylamêti wêtuning untune si thole.

b: Kok kasèp têmên ta dara, sawêg dipun wilujêngi sapunika, èngêt kula wêdaling wajanipun putra sampeyan dara dèn bagus sampun kala sawêg yuswa 8 mênawi botên 9 wulan.

a: Bênêr, nanging lumrahe olèhe anggauli yèn wis sataun, barêng lan nyatauni.

b: E, kajawi ta jênang gaul wau warni punapa dara.

a: Glêpung bêras worana glêpung kêtan sathithik banjur ulêdên karo banyu, banjur ginawe giligan sadriji-driji, banjur dikêthok-kêthok [di...]

--- 85 ---

[...kêthok-kêthok] saprayogane, banjur dikukusake dang, yèn wis kêkêl diêntas, kang saparo dicêmplungake ing juruh santên dadi gaul abang, saparone dicêmplungake ing santên bae dadi gaul putih, banjur digodhog kang nganti tanêk, yèn wis matêng diwadhahi nganggo didokoki santên kanil. Apa kowe wis mangêrti.

b: Sampun dara, punapa lajêng damêl sapunika.

a: Iya, sarta yèn wis rampung banjur wadhahana ing takir pisan, gawea rong ambêngan bae.

b: Inggih sandika.

Nyai Ajêng: Bèi, dhawahe bapak (ambasakakên ingkang ingujaran) si thole dikakake (verk. v. ingandikakake) nyapih, awit umure wis nêmbêlas sasi lumaku iki, bocah lanang yèn kakehan banyu susu iku kêthul atine.

Tangkilan: Punapa botên taksih kalitên ibu.

Nyai Ajêng: Ora, wis sêdhêngan, wêwatoning panyapih iku yèn bocah lanang 15 sasi têtêp utawi 16 lumaku, yèn bocah wadon, 18 sasi têtêp utawi 19 lumaku.

Radèn Ngantèn: Raosing manah kula taksih awrat sangêt ibu, mêsakakên dening taksih

--- 86 ---

alit, iba badhe budinipun, kula badhe tansah kamiwêlasên, botên kolu ningali.

Nyai Ajêng: Sing ora mêsakake sapa, kandhamu kuwi, ananging bakal mêsakake êndi karo têmbene anakmu kêthul atine, karo kang mangkono iku rak wis digalih bapak. Bok Jagakarsa.

Jagakarsa: Kula.

Nyai Ajêng: Kowe gawea pirantine wong nyapih bocah, dèn bagus mêngko sore arêp dak sapih.

Jagakarsa: Inggih sandika, warni punapa dara.

Nyai Ajêng: Rungokna sing têtela, tak kandhani:

1. Jamu kunir tumbar trawas, mêngko tak cêkokne (anjampèni lare kairasakên wontên ing cangkêm kalayan jampi ingkang sampun kapipis lêmbat, kabuntêl ing suwekan mori pêthak, toyanipun kaêpuh) dhewe, karo ênjêt sathithik ginawe ngadoni ampas jamu iku kanggo tapêl.

2. Larik, dringo lan bawang, dipipis banjur dilawêt sing alus, dokokana obong-obongan sungu kêbo, rambut wong, cucuk, kuku lan kulit rêmpêla pitik, dikongsi gosong, banjur digêrus, [digê...]

--- 87 ---

[...rus,] dibanyoni dubang wurung (nginang idu sapisan).

3. Pupuk, dhadhap srêp, upa lan uyah sawuku, dipipis banjur dilawêt sing lêmbut.

4. Wêdhak, parêm lan pupur.

5. a. Ombèn-ombèn banyu dhukut sèwu (bubukan banon sarta ampo kalêbêtakên ing toya tawa ing pangaron enggal, lajêng dipun cêmplungi agêl sakuwêl minăngka saringanipun, toya wau kapêndhêt bêningipun kemawon, lajêng kailing ing kêndhi enggal, raosipun antêp sarta asrêp).

b. Ombèn-ombèn wedang lêgon dhadhap (godhong dhadhap srêp ingkang garing (minăngka tèh) sarta babakanipun kagodhog sarêng.

Wis ora lali kabèh.

Jagakarsa: Kados botên.

Nyai Ajêng: Wis ta banjur tandangana.

Jagakarsa: Inggih sandika.

Nyai Ajêng: Bok Sandilata wayah mene durung têka.

Radèn Ngantèn: Mangke sakêdhap kados dhatêng. Lah punika sampun katingal.

Nyai Ajêng: Bok Sandilata, mêngko sore putumu arêp dak sapih, nuli gêgêlana ta, (pijêt [(pijê...]

--- 88 ---

[...t] anglêmêsakên wêtêng), lan dadahên cara bayi cilik cik bèn kapenak awake.

Sandilata: Inggih sandika. Kaparingakên nun, mênika sampun dara.

Nyai Ajêng: Rènèkna dak cêkokane, sisan olèhe nangis. Wis wis gèr, wis. Nya ndhuk, si thole iki gujêngana dak tapêlane ampas kunir iki, êndi ênjête kuwi. Donok ditapêli bae nangis manèh. Wis wis gèr, wis. Nuli susonana ta.

Radèn Ngantèn: Mik mik gèr, mik (nusu).

Nyai Ajêng: Dhuk saiki wis surup, olèhe nusu anakmu apa wis warêg.

Radèn Ngantèn: Kados sampun bu, mêntas dipun dadah punika wau lajêng ngêbêb (botên kèndêl-kèndêl) kemawon, kados sakeca badanipun karaos ngêlèh.

Nyai Ajêng: Wis ta, kene dak êmbane, kowe nuli andhêlika aja katon-katon manèh, anakmu nèk nganti wêruh mundhak beka (mundhak = andadosakên, beka = budi nangis) kathik nganggo nangis, kuwi bocah apa ta, wis mranaa.

Radèn Ngantèn: Inggih.

Nyai Ajêng: Bok Jagakarsa, sangisoring wit gêdhang buri mau [ma...]

--- 89 ---

[...u] apa wis kodokoki pangaron isi banyu kêmbang sataman.

Jagakarsa: Sampun dara.

Nyai Ajêng: Pangarone apa wis kolèlèti tape kaya wêkasku.

Jagakarsa: Dèrèng.

Nyai Ajêng: Genea.

Jagakarsa: Kêsupèn.

Nyai Ajêng: Kowe kuwi lalèn têmên ta, nuli lèlètana, iku sarat masrut pêrlu, ora kêna kêlalèn. Măngga dhi, pun thole dipun ubêngakên ing griya.

Mas Ayu: Măngga. Sampun jangkêp kaping tiga bakyu.

Nyai Ajêng: Dèrèng, sawêk kenging kapetang kaping kalih, awit ubêngipun wiwit saking griya, dene ingkang kadamêl baku kapetang mubêng saking wit pisang, bilih sampun têpung gêlang tigang ubêngan, sampun. Lah sapunika sampun jangkêp, kula jêglukne sirahipun: glug, glug, glug (swaraning sirah kajêglugakên ing wit pisang kaping tiga), lajêng dipun dongani, mèlipun: sang wewe putih dak jaluk gawemu, sapihên anakmu ki jabang bayi, aja kotêtangis sarina sawêngine, lalèkna nyang biyungne, aja mulat tènge, yèn ora wêruh githoke dhewe, yèn wis sapasar kowe dak opahi [o...]

--- 90 ---

[...pahi] tape sapikul) (mila pangaronipun dipun lèlèti tape, pratăndha yèn badhe suka epahan tape). Bok Jagakarsa, banyu kêmbang sataman iki tutupana sing bêcik (= brukut of rapêt) yèn wis sapasar arêp dianggo ngêdusi si thole, sêdhêng wis rapih.

Jagakarsa: Inggih sandika.

Nyai Ajêng: Bok Karyaboga, kowe wis gawe sêga sarat dianggo dulang dèn bagus.

Karyaboga: Dèrèng dara, kula kasupèn warni punapa.

Nyai Ajêng: Kowe kuwi barang-barang lali. Sêga thok sacêthing cilik, lawuhe mung bakaran êndhog, tanpa apa-apa manèh, apa iya kowe lali manèh.

Karyaboga: Botên, botên dara, botên, sapunika sampun botên supe malih.

Kacariyos Radèn Ngantèn Tangkilan sarêng anakipun Radèn Bagus Suwarna sampun dipun sapih, lajêng wawrat, dumugi ing măngsa gadhah lare mêdal èstri, dipun sukani nama dhatêng êmbahipun Mas Ngabèi Bêndung: Radèn Rara Suwarni, lampah-lampahipun botên kacariyosakên, amargi namung wor misah prasasat botên [botê...]

--- 91 ---

[...n] wontên sanèsipun, sapunika ingkang kacariyos lare jalêr èstri kakang adhi dumalundung botên wontên sangsayanipun, kalis ing sakit enggal agêng kados ingêdusan toya gege (ngumur 2, 3, 4, 5, 6, 7, 8 en 9 taun botên kacariyos) ingkang jalêr ngumur 12 taun, ingkang èstri ngumur 10 taun.

Tangkilan, a: Ibune.

Radèn Ngantèn, b: Kula.

a: Wêtonku tumbuk ngumur 33 taun, slamêtane apa wis kopikir.

b: Rak siyos benjing tanggal ping 7 wulan Rabingulakir ngajêng niki ta.

a: Iya.

b: Saniki tanggal ping 27 tasih kirang 10 dalu.

a: Rak ya wis cêdhak.

b: Mawi napa ta, rak inggih ming wilujêngan sêkul janganan mawon pintên dangune.

a: Karêpku arêp dak gêdhe nganggo ngatur-aturi kănca, nanging sisan wragade anakmu si ndhuk arêp dak sunatake pisan, awit wis sêdhênge ngumur 10 taun, besuk têtake anakmu si thole iya bakal dak barêng karo tumbukmu, elingku umurmu kacèk têlung taun karo umurku, saiki si thole lagi ngumur

--- 92 ---

12 taun, têlung taun êngkas dadi ngumur 15 taun, iku sêdhêngan wayahe bocah têtak.

b: E, kêjawi ta, yèn santun salaga, kula tata-tata kriyin, uwos-uwos inggih kêdah kandêl.

a: Măngsa bodhoa pamikirmu buri, aku ngarêp yèn ana kêkuranganmu bae tutura.

b: Ênggih, nanging saniki kula sampeyan paringi yatra.

a: Pira.

b: Satus rupiyah mawon kriyin.

a: Iya ta, mêngko tak jupukake sadhela. Ênya gilo limang kampil dhuwit pêcah, sakampile isi rongpuluh rupiyah, ping lima dadi satus rupiyah.

__________

Radèn Ngantèn, a: Bok Karyaboga.

Karyaboga, b: Kula.

a: Bêrasmu kari pirang dhacin.

b: Uwos saking Jêthis dèrèng kula ewah-ewah dara, taksih 10 dhacin, para 7 dhaharipun 3, punika sanèsipun uwos lami, ingkang kangge cêpakan wontên ing dobong botên kula petang.

--- 93 ---

a: Isih kandêlane, ora susah kongkonan jaluk bêras mênyang desa.

b: Kagêm mênapa ta, dara.

a: Karsane bapak radèn bagus, besuk êmbèn tingalan tumbuk iku digêdhe, ngiras nyunatake putumu dèn lara.

b: Bilih kagungan damêl têtêsan kemawon, uwos samantên kados sampun cêkap.

a: Sukur, yèn karangamu wis cukup, aku ngandêl marang kowe. Besuk tingalan iku kowe gawea tumpêng 33 sing gêdhe loro (sakêmbaran lanang wadon) sing cilik 31, lan gawea sriyatan, zie blz 15 art. 1 o apa manèh tuku wêdhus tujah ginawe sidhêkah panulak pangapêsaning wuku, awit wukune bapakne dèn bagus Kuruwêlut.

b: Menda tujah punika ingkang kados punapa, kula dèrèng sumêrêp.

a: Wêdhus tujah mono kang sikile ngarêp karo pisan pancal putih.

b: Inggih, namung rêginipun kula kirang têrang, awit kula dèrèng nate tumbas.

a: Takon-takona rak iya ana sing wis tau wêruh, mongsok adoha rêga karo têngah mangisor ora, têrkadhang nêmbêlas wang bae olèh. Lan kowe blanjaa pisan,

--- 94 ---

tukua bumbu-bumbu sing kandêl, sajrone ewuh-ewuh aja kongsi kêkurangan, mêngko mloya-mlayu tuku bumbu mênyang warung, iku saru.

b: Kadhawahakên kemawon dara, ingkang badhe kula tumbas.

a: Iya brambang bawang, uyah trasi, tumbar jintên, salam laos, krècèk, balur sapanunggalane, lan sayuran kanggo ing meja kobis boncis, slèdri kapri sapanunggalane, tuwin janganan kanggo tingalan, thokolan, kangkung lêmbayung sapanunggalane, dalah sambêlane pisan. Êndhog wajar tukua 200 bae, yèn ana kurange gampang.

b: Tigan kamal utawi pindhang punapa botên tumbas.

a: Aja tuku êndhog pindhang, tukua kamale bae ka 50 sudhiyan pangan niyaga. Tumuli tukua panganan wowohan kang apik-apik, aja wêdi ing larang, kanggo suguh pista ing dalêm lan ing pandhapa, kaya ta: jêruk kêprok, jêruk pacitan.

b: Jêram pacitan punapa botên angèl pandhaharipun.

a: Nèk kowe iya angèl, wong kooncèki [ko...]

--- 95 ---

[...oncèki] kulite, kuwi ora mêngkono, pandhahare disigar-sigar ing lading banjur dibêsèt kulite gampang bae, mung disêsêp dikêpahi ana ing ambêng.

b: Dados ingkang kalap namung duduhipun kemawon.

a: Dhasar iya mêngkono. Lan tukua jambu, dhuku, manggis, salak, lan gêdhang êmas.

b: Pêlêm punapa botên tumbas.

a: Pêlêm iku sanadyan enak, nanging susah olèhe dhahar anggupaki asta, dadi ora kalêbu ing meja, tukua sing pancèn didhahar bae.

b: Panganan para kangge cadhongan niyaga punapa botên tumbas pisan.

a: Iya tukua salak geyol, sêmak, mundhu utawa kleca, tuwin bêsusu, kuwih-kuwihe kupingan, kêmbang waru, kêmbang jambu, kêmbang durèn, kêlak kêling, widaran, ondhe-ondhe iya saprayogane, ora susah bêcik, sok uga katon rêma utawi pêpak.

b: Inggih.

a: Bèbèk pitik kowe rak wis ora tuku.

--- 96 ---

b: Botên dara, sampun cêkap ladosan saking dhusun.

a: Iwak kêbo kowe tuku mênyang ngêndi.

b: Punapa botên mragat, dara.

a: Ora, midhe bae.

b: Prayogi midhe dhatêng pêkên agêng kemawon, tinimbang dhatêng ing Jagalan, awit rêginipun prasasat sami, ing pêkên agêng wontên awisipun sawatawis, cêlak pambêktanipun, epahan bêrah mirah, ing Jagalan wontên mirahipun sawatawis, têbih pambêktanipun, epahan bêrah awis

a: Kiramu kowe arêp nganggo iwak kêbo bobot pirang atus.

b: Mêndhêt wawrat gangsal atus (= 25 kati) kemawon rumiyin, kajawi jêroan utawi utak.

a: Bot satus (= 100 = 5 kati) rêga pira.

b: Awis-awisipun sakatos rêgi satangsul, kaping 5 dados 15 wang (1 kati = 20 reyal x 5 = 100 a 25 c x 5 = f. 1.25 x 5 = f. 6.25).

a: Iya bok, sêdhêngan jupuk bobot limang atus bae dhisik, yèn ana kurange, gampang. Iku daginge kang êmpuk gawenên dhèndhèng age lan diêmpal, koyorane [koyor...]

--- 97 ---

[...ane] gawenên iwak duduh, utawa têrik tuwin dhèndhèng ragi, utake sambêlên gorèng, ati lan isone gawenên sujenan, kopyokên ing santên kanil, kobis boncise gawenên sêmur santên utawa sêmur kecap, thokolane turahe kang ginawe janganan gawenên tomis.

b: Ulamipun kambangan tuwin ayam kaolah punapa.

a: Bèbèk pitike aja kopêcah, gawenên iwak gêdhe bae, dadi sêmuwa tinonton, bèbèke oporên bae, opor panggang loro, opor godhog loro. Pitike miliha babon sing madhêp, sêmurên bae, sêmur santên loro, sêmur kecap loro. Karo manèh gawea panggang jago kang lagi lumancur papat, arèhana santên kanil, iku kabèh ladèn rong prangkat, dhahar dalêm karo dhahar pandhapa paronên byak bae, besuk kang saparo tanpakna[12] marang Si Jayanimpuna, saparone ladèkna marang dalêm. Iku yèn koèstokake kabèh wis ora kurang samuwa, mulane aku tutur akèh-akèh, awit yèn wis akèh dhayoh, aku [a...]

--- 98 ---

[...ku] wis ora bisa caturan karo kowe bab pisuguh, saru yèn aku isih amikir marang kabutuhaning pawon, mulane kowe dibisa. Kowe dak gawani dhuwit 50 rupiyah, bubar gawe bae etung-etungan pira êntèke.

b: Inggih sandika.

a: Wis ta mangkata, bok Jagakarsa undangên mrene.

b: Inggih.

Radèn Ngantèn, a: Bok Jagakarsa.

Jagakarsa, b: Kula.

a: Kowe tak kongkon mênyanga Kuwadeyan, tukua plèmèk.

b: Kagêm punapa dara.

a: Putumu dèn rara arêp disunatake karo bapakne dèn bagus dibarêng tingalan tumbuk besuk êmbèn.

b: E, sukur ta dara, tumuntên dipun têtêsakên, ingkêng putra sampun katingal terok-terok, mênawi kasèp saru tingalipun.

a: Măngsa, bocah durung ganêp ngumur 10 taun bae kasèp.

b: Kala putu kula pun Caplis rumiyin ngumur 8 taun sampun kula sunatakên, anakipun tăngga [tăng...]

--- 99 ---

[...ga] kula bok Warujêne inggih sawêg ngumur 8 taun dipun sunatakên.

a: Gèsèh kowe kuwi, anake wong kampung kopadhakake karo anakku utawa putraning priyayi.

b: E, dados bèntên dara.

a: Beda-bedaa, yèn isih kêcilikên iku kajaba durung mangsane dêloke saru.

b: Dados kosok wangsul kalihan cipta kula.

a: Iya.

b: Anggèn kula tumbas plemek pintên dara.

a: Aja akèh aja sathithik, jupukên madyane bae, yèn ora sungsun pitu iya sanga.

b: Kapetang kemawon dara, kados ta: lètrèk 1, sindur 1, bangun tulak 1, mayang mêkar 1, liwatan 1, yuyu sakandhang 1, sinjang bathik lurik 2, sêmbagi warni kalih nigang kacu = 2 punika sampun warni 9.

a: Iya samono bae wis cukup. Lan tukua jarik cap-capan sakodhi (20 iji) lan sêmbagi sakêmblog (= 30 kacu) kanggo paringan, gilo dak gawani dhuwit

--- 100 ---

50 rupiyah, besuk bubar gawe bae etung-etungan pira êntèke.

b: Inggih sandika.

a: Karodene manèh sisan gawemu banjur golèka godhong kanggo lèmèk ngisor, kaya ta: godhong kluwih, godhong apa-apa, godhong kara, godhong dhadhap sêrêp lan alang-alang.

b: Inggih sandika, ngajêngakên kangge ing damêl kemawon kula mêndhêt sakêdhap.

a: Sakarêpmu sok wisa aku tutur. E, ora bok, mangkatmu iki bêcik mampira mênyang omahe bong wadon bok Wagaprana ing kampung Rêksanitèn dhisik, saka kono banjur mênyang pasar, bejanana yèn besuk ing dina Salasa Lêgi dak undang mênyang omahku, wayah jam 8 esuk wisa têka ana ing kene, tak kon nyunati dèn lara.

b: Inggih sandika, punapa sampun botên wontên dhawah malih.

a: Wis bok, mangkata mupung esuk.

b: Inggih.

Tangkilan, a: Tra (verk v. Sastra).

Sastraubaya, b: Kula.

a: Besuk tanggal ping 7 kabênêr wêtonku tumbuk [tumbu...]

--- 101 ---

[...k] umur 33 taun, aku arêp nganggo ngatur-aturi kănca sawatara, ana malême dina Salasa Lêgi, esuke têrus jagongan wadon, sunate dèn lara, aku gawèkna ngèngrèng ulêm.

b: Inggih sandika.

Sêrat saha ingkang pangabêkti (of sarta ingkang taklim en salam taklim dan salam) Ngabèi Tangkilan sakalihan, katur panjênênganipun ingkang rama (of raka en rayi dan putra) Radèn Ngabèi (of Mas Ngabèi) ... sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula ngaturi uninga ing panjênêngan sampeyan, benjing ing dintên Salasa Lêgi tanggal kaping 7 wulan Rabingulakir punika kalêrês tumbukipun wêdalan kula ngumur 33 taun, enjingipun anyunatakên anak kula èstri nama Suwarni.

Ingkang punika mênawi andadosakên dhanganing panggalih saha sêla ing padamêlan, benjing malêm Salasa Lêgi wau panjênêngan sampeyan kula aturi pinarak dhatêng ing griya kula, lêlênggahan among suka sakaparêngipun ing panggalih, supados angsala pandonga wilujêng sapanginggilipun, saha ing dintênipun Salasa Lêgi wanci jam 9 enjing rayi sampeyan ibu (of bok ayu) dipun aturi tiyang èstri, mugi kaparênga anguningani rising sunatipun anak kula wau [wa...]

--- 102 ---

[...u] supados angsala barkah pangèstu wilujêng sapanginggilipun, wusana sangêt ing pangajêng-ajêng kula saha tiyang èstri rawuhipun bapak sakalihan.

Sinêrata ...

Ngabèi

Punika sampun rampung.

a: Gawanên mrene tak priksanane. Kaya wis kapenak kabèh, mung têmbung panjênêngan sampeyan (2o de pers.) aku ora dhêmên, bêcik nganggo têmbung rakêt: Panjênênganipun bapak (3o de pers.) wis nuli garapên, mung iku owah-owahaku, mêngko sore rampungna, banjur ladèkna marang aku tak tèkênane, sesuk esuk lakokna, pasrahna kănca jajar sing duwe laku rewang kănca duwe gawe.

b: Inggih sandika.

__________

 


asal. (kembali)
lon-lonên. (kembali)
landhêsan. (kembali)
pêndhêm. (kembali)
Halaman 37, 38 tidak ada, tetapi isinya tetap urut dan utuh. (kembali)
§ nguyu-uyu KW = ngrêrêngga, jumurung. Sêmbawa KW = sêmbada, pantês, prayoga, bagus, nglêngkara » Nguyu-uyu sêmbawa = jumurung marang kang pantês utawa prayoga. (kembali)
§ marga Kw. = dalan, turutan, lêstari. Ina Kw. = nistha, cacad, kuciwa, kurang, tuna. » Marga ina = dalan nistha (mêtu ing kuwadonan). (kembali)
§ makdum, ora ana sarpin, rêsik, lugu » makdum sarpin = ora ana lugu, utawa rêsik ora ana, têgêse: wayangan putih = mayangga seta zie. Wirit R. W. (kembali)
kêcandhak. (kembali)
10 kisut (dan di tempat lain). (kembali)
11 Mang ênggihi. (kembali)
12 tampakna. (kembali)