Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba)

Judul
Sambungan
1. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
2. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
3. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
4. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
5. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
6. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
7. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
8. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
9. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
10. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
11. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
12. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
13. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
14. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
15. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
16. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
17. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
18. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
19. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
20. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[BA]

Ba :
ba, aksara lambe zie wa.
ba, aksara dayasastra zie da.
ba, mahaprana kanggo ing tataprunggu, zie na murda, kaya ta: Bathara Brama.
Pasangan ba dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: Sêmbada.
Pasangan ba mahaprana kanggo ing tataprunggu zie na murda, kaya ta: Radèn Bondhan Kajawan.
Ba :
Tj.B. têrus.
Bê :
niet.
Bi :
1. Tj.B. bok cilik, 2. Kw. wadon.
Bu :
1. Tj.B. gawok, 2 Kw. sambat.
Be :
niet.
Bo :
niet.
Bah :
Tj.B. tinungge ?
Bêh :
niet.
Bih :
niet.
Buh Kw. :
wêwêngkon, muwah.
Bèh :
Tj.B. gêmêt.
Boh Kw. :
hèh, êmbuh.
Bahu Kw. :
sikara, wahwa, pujang, bahya, batyi, buja, byahi.
Bau :
zie srandu kêbo sapi.
Bahni :
zie gêni.
Bahiri :
= bèri. Têtêngêring prang ing jaman kuna ingaran: bahiri, kalanturing pakêcapan dadi: bèri, dhapure iya dhasar kaya bèri zie kala.
Bahiri :
araning ricikane gamêlan Kyai Pradăngga.
Bahrul aklar :
= têlênging sagara ijo.
Baupaksa :
Ciri baupaksa, unyêng-unyêngan jaran ing dhadha kiwa têngên, watêke bêcik, yèn ginawa prang luput ing mimis, yuwana ing gêgaman landhêp, tur dadi priyayi sugih bêgja.
Bau Matsêkape Surakarta :
adêge nunggal kaanan lan Băndhalumaksa nalika ping 1 Rêjêp Wawu 1833 utawa ping 23 Sèptèmbêr 1903.
Baung :
gong kyai ... Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV yasa gong kagêm yèn ngadu lan ngrampog macan sabubare watang, kaparingan aran Kyai Baung zie Kodhokngorèk letl. c.
Bênik :
cêplesan, rus, kupasan, potong intên.
Binatur :
zie batur.

--- 4 : 1831 ---

Banawa :
pangeran ... = Susuhunan Prabu Wijaya zie P.N. no. 33 en zie S.W.no. 1.
Banowati :
wandane golèk sarta berok.
Bonang :
zie gamêlan (ricikan en laras).
Bonang :
sinuhun ... zie wayang golèk en zie wali no. 11.18.
Bonang Pangulu :
sinuhun ... zie P.N. no. 27.
Bonang :
zie abdi dalêm pangrêmbe V.
Bonang panêrus :
zie gamêlan (ricikan en laras) letl. b.
Bonang gêdhe :
zie gamêlan (ricikan en laras) letl. a. Anane bonang gêdhe lan panêrus, saka anggite Panji Kasatriyan nalika taun 1131 zie Kartapati.
Wiwite ana bonang panêrus diênggo anggamêli wayang purwa saka anggite Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat II letl. a.
Banci :
zie tatahan.
Bencok :
zie srandu kêbo sapi.
Banci kasut :
zie bathikan.
Buncit :
zie kêbo sapi.
Boncis :
zie kara.
Bancêng :
zie srandu kêbo sapi (pawakan).
Bun kêlipêr :
iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah kidul.
Bindi :
zie gêndhing.
Bêndana kêtututan :
Ciri jaran mêngkono, unyêng- unyêngan ana sikil ing buri karo pisan, sadhuwuring sikil wajik, watêke ala, yèn ginawe amburu mungsuh ora kêcandhak, malah awake kêpikut ing mungsuh.
Bandara :
kangjêng ratu ... putra dalêm P.B. VIII. Img.no. 199.
Bandera Kw. :
dwaja, tandha, tandha-tandha, têngêran, sinjanglaga zie lêlayu en gêndera kw.
Bendrongan :
zie gêndhing
Bêndungan Kw. :
sètu, sètu banda, sètu bandat buta, bănda,

--- 4 : 1832 ---

bêmbêngan, bêngkungan.
Buntut :
1. zie srandu. 2. Kw. iku, kuncu, punca, burit.
Bontit (wănda) :
zie Ăngkawijaya en Sămba.
Bontit (gêndhing) :
zie gêndhing.
Bantal :
1. Kw. antêban, istani, karanghulu, kajang sirah, sayakapti, lêmpêr, lêmpir. 2. D. Sri, pêpajanganira dokokana kalasa sisik mêlik lan bantal barabon, minăngka pêpali. .P.R. III. 67-1.
Buntala :
zie kêndhali.
Buntêl mayit :
Ciri buntêl mayit, buntut jaran ngrêmpêl sarta ing jêro bobate ana kang putih, watêke ala, kêrêp kasripahan.
Bêndha Kw. :
tombol, bandhya.
Bêndho :
zie ukiran.
Bondhan Kinanthi :
zie gêndhing.
Bandhot, bandhotan (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak bandhotan luk 9 naga loro nganggo lis, ri pandhan.
Bondhèt :
zie gêndhing.
Bendha sagada :
zie bathikan.
Bandhol :
zie rèh letl. a.
Bundhêl :
zie pragota.
Bandhilori :
zie gêndhing.
Băndhalumaksa :
Adêge pakumpulan Băndhalumaksa nunggal ana ing Abipraya Singasarèn Surakarta, nalika kaping 12 Mulud Dal 1831 utawa ping 1 Juli 1901.
Bandhang :
zie rèh letl. h i. en j.
Bandhung (katuranggan) :
Jaran wêton Bandhung iku gêdhe-gêdhe tinimbang wêton nagara liyane (pulo Jawa) nanging bêbalungane akèh kang gopok, atine kêndho.
Banjir :
gong kyai ... zie Kodhokngorèk letl. d.
Banjaransari :
prabu ... zie P.N. no. 12 en V.

--- 4 : 1833 ---

Banjaransari (têmbang gêdhe) :
laku 19 pêdhotan 6.6.7. x 2 = 38 x 2 = 76.
Voorb || Dènira campuh prang | Sri Arjunasasra | lawan Radèn Sêmantri | aliru prabawa | tan ana kasoran | mangkana sri narendra ||
mangun triwikrama | têdhak saking rata | mrêpêki mungsuhira | jawatèng ngawiyat | angudanakên kêmbang | lumrang Banjaransari ||
Banjêt :
wayang gêdhog kyai ... iku yasane Ingkang Sinuhun Prabu Mangkurat ing Kartasura, nalika taun 1649. zie Pr. Mrt. zie P.B. II. letl. b. zie P.B. III. Kyai Banjêt kagêbal.
Banjêt (padhalangan) :
zie Sămba.
Banyu Kw. :
Araning banyu sarta pradikane, kang muni ing layang D.N.K. 10-9 B sarta ing layang Spraakkuns apadene Schriftboek kaya ing ngisor iki: har | hèr (banyu sapucuking gunung) Schriftboek. | harjuna (banyu mênêng ing watu Spr. banyu mênêng ing wadhah Schr.). | hèrjuna (id.). | hudaka (banyu yèn mungguh ing wadhah Spr) | hètu Schr. | hetuh (banyu yèn mungguh ing wowohan Spr.) | hwap D.N.K. | hangaka Schr. | nadi (banyu kali Schr.). | nawa (banyu adhêm Schr.). | ranu D.N.K. | rancak harni of rancak hèrni (yèn banyu tinalangan Spr.) | karti (banyu sumur). | tirta (banyu yèn mungguh ing sumur Spr.) | tikta Schr. | titta Schr. | tasik (banyu oyod Schr.). | toya | toyadi (banyu ing jêmbangan Schr.). | tuban | tuban jahning (banyu tu-[1]

--- 4 : 1834 ---

[...][2] marang panjênêngane, mulane wong Singah mau padha ngluhurake sarta mêmule Bagendha Kasan Kusèn, ing sabên tanggal ping 10 sasi Sura, minăngka pangeling-eling nalika sedane.
3. Tibaning braat kang kaping pindho ana tanggal ping 15 sasi Sakban (= Ruwah) uga ingaran: Nisphusakban, têgêse têngah- têngahing sasi Sakban, mulane ing dina mau ingaran tibaning braat, awit kasêbut ing kitab Nasatul Majalis, jilidan sapisan kaca 136 bab kautamaning Nisphusakban, kacarita sabên ing dina Nisphusakban Gusti Allah karsa angewahi utawa amudhari pêpêsthène sawatara, lire kaya ta: ana wong kang maune pinasthi cilaka, ing dina iku kaewahan dadi bêgja, utawa kosokbaline. Ing donga Nisphusakban iya uga kanggo andongani slamêtan Ruwahan uga amratelakake yèn ing dina Nisphusakban mau Gusti Allah karsa amudhari pêpêsthène. Mangkono uga wiwit ing dina Nisphusakban mau sarupaning wong kang disiksa ana ing naraka padha diluwari kaêntasake nganti tutug sapundhate sasi Ramlan, awit olèh barkahing wong kang padha nglakoni pasa. Ananging awit saka apa tibaning braat ing Nisphusakban têka ora diajokake rong dina kaya ing dina Ngasura, iku ora kasumurupan sababe.
4. Têmbung Ruwah iku bênêre: Arwah meervoud van roh

--- 4 : 1835 ---

têgêse: nyawa = suksma. Dene slamêtan Ruwahan iku kang dimêmule rohing para lêluhure wong kang gawe slamêtan, saka lanang saka wadon sapandhuwur tutug bapa Adam ibu Khawa (lumrahe mung tutug para nabi lan para wali apadene para ratu kang sumare ing tanah Jawa) padha disuwun barkah ing supangate, supaya pêpêsthène kang gawe slamêtan êndi kang ala kaowahana dening Pangeran dadi pêpêsthèn bêcik.
5. Dene ananing ila-ila: para priyayi ora kêna ngirim para lêluhure, iku wêwatoning kitab ora ana. Tinulis tanggal ping 13 sasi Dulkangidah taun Be 1832.
Bagus Ngarpah.
Paturanipun Bagus Ngarpah ing nginggil punika pasantunan têmbung ngoko nunggil ing Bauwarna, Wirapustaka.
Brahmana :
zie Pandhita (2). Brahmana iku pandhita sabrang, têgêse: bèrbudi, wicaksana, iya iku sujana kang tansah ulah kalêpasaning budi, ambabarake ciptamana, têgêse: wêwulang kang mêtu saka rasaning ati. Ing tanah Jawa iya ana brahmana, nanging mung pangkating kalungguhan bae, iya iku kamituwaning praja, kuwajibane mêmuja karaharjaning nagara, amulyakake kawiryaning ratu, pasebane nunggal ana ing păncaniti.
Brahmana lêbu gêni :
Ciri mêngkono: jaran wulu abang têrus ing mata utawa ing irunge, watêke ala, anuwuhake ati panasbaranan, kajaba wong pandhe, sayang, kêmasan, kundhi, iku kang kêlar ngingu.

--- 4 : 1836 ---

Pêrkutut :
Ing ngisor iki masalahe ngingu manuk pêrkutut kang ala lan kang bêcik, katitik saka rupa lan swarane, aja pêpeka anggampangake wani ngingu manuk pêrkutut kang wis tinêmu cirine ala bakal bilaèni.
Uni: Yèn pêrkutut muni ing wayah sore, ngalamat bêcik, aran gêdhong minêb, olèh rijêki suci, sugih dunya lan sugih bêras pari, slamêt kang tinêmu, 2. yèn pêrkutut muni rinawêngi, ngalamat ala, aran durga ngêrik, tansah padu lan anak bojo adoh rijêkine, kêrêp kasripahan, 3. yèn pêrkutut esuk-esuk muni, barêng lan palêthèking srêngenge, ngalamat bêcik, aran gêdhong mênga, anjaluk isi mas picis, rahayu kang ngingu, 4. yèn pêrkutut muni têngah wêngi, ngalamat ala aran durga nguwuh, bakal suda rijêkine tansah wayang-wuyungan, gêringên kang ngingu, 5. yèn pêrkutut muni sungsun, iku luwih bêcik, aran widhah sana gastha-gasthi, sakarêpe dadi, kinasihan ing janma, bisa ngenaki ati, 6. yèn pêrkutut muni ngêlak-ngêlik, iku bêcik, sarta sêrêpan ginawe mikat, tur nêmu basuki.
Napas: Pêrkutut napas, watêke ala, aran brama lêbu gêni, panasbaranan, dhêmên tukar padu tur nyênyêngit.
Rai: Pêrkutut raine putih têrus ing pucuk, watêke ala, aran brahmana kokop, ngalup kêpengin wêruh gêtihe kang ngingu.
Kuku: Pêrkutut kukune putih utawa mung ing jêmpolan bae putih karo pisan, iku bêcik, aran sri mangêmpil, dadi ingon-ingone wong tani, katêkan sasêdyane, 2. pêrkutut yèn kukune ana kang putih siji, watêke ala, aran brama kala, adoh rijêkine, susahan kang ngingu.
Sorot: Yèn pêrkutut katon sumorot kaya gêni murub, gêdhe dahulate, barang kang cinipta dadi, rahayu kang ngingu.
Susuh: Pêrkutut nusuh ing lêmah sarta arêraton, iku bêcik, têlèke kinarya tămba sakèhing lara: bisa mari, landhane kinarya adus.
Suwiwi: Pêrkutut yèn laring suwiwine ana kang sêlap putih siji, katon ing gêgêre, iku ala, aran săngga buwana, kêrêp kasusahan, adoh daulate, atine barikil? (= cilik) nanging landhêpan atèn.
Sêmu: Yèn pêrkutut sêmune ayêman, iku bêcik, pantês dadi ingon-ingoning bupati, watêke kinawêdèn ing wong.
Wulu Irêng: Pêrkutut wulune sêmu irêng dalah cucukan sikile iya irêng, iku bêcik, aran [a ...]

--- 4 : 1837 ---

[... ran] wisnuwicitra, luput ing rêncana, rahayu kang ngingu, 2. pêrkutut wulune sêmu irêng iku bêcik, aran wisnumangênu, dadi ingon-ingoning priyayi, kêrêp olèh rijêki, nanging watêke èsèh, 3. pêrkutut wulune irêng dalah mripat, cucuk lan sikile, iku bêcik, aran wisnumurti, kêna ginawe tumbal, pantês dadi ingon-ingoning ratu, 4. pêrkutut wulu sêmu irêng têrus ing gênthane iku ala, aran wisnu tinundhung, karêpe ora dadi, sêbêl, akèh lupute.
Wulu abang: Pêrkutut wulune sêmu abang watêke ala, aran brama sulur, kang ngingu kêrêp lara.
Wulu kuning: Pêrkutut wulune sêmu kuning mawa kalung ing gulune, iku bêcik, aran udan êmas, kêrêp olèh rijêki, bêgjane nutug.
Wulu putih: Pêrkutut wulune sêmu putih têrus ing cucuk lan sisike, iku bêcik, aran kusumawicitra, sakarêpe dadi, rijêkine têka, 2. pêrkutut putih mulus, iku ratu-ratuning pêrkutut, mung panjênêngan ratu kang kêlar ngingu.
Wulu brumbun.
Pêrkutut wulu brumbun iku ala, aran lêmburuan, ngadohake rijêki, nyêdhakake lêlara.
Lak-lakan: Pêrkutut yèn lak-lakane karo pisan katon putih, watêke ala, aran sêngkala kêpipit, kêrêp tukar padu bèncèng pikir.
Pundhak: Pêrkutut yèn pundhake ana wulune putih, iku ala, aran candhala sabda, bêcike mung ginawe pikat, sêrêpan olèh pêrkutut.
Mata: Pêrkutut matane abang sumorot kocak kaya mirah selan, iku bêcik, aran purnamasiddhi, akèh kang asih, wingit kang ngingu, 2. pêrkutut matane sêmu kuning anjait sumorot, iku bêcik, aran mrêdujiwa, nêkakake rijêki, kinalulutan ing janma, salamêt kang tinêmu, 3. pêrkutut matane kuning, têrus ing brotole iya kuning, iku ratuning bêcik, aran mrêtyujiwa, dadi ingon-ingoning ratu.
Buntut: Pêrkutut yèn winilang buntute kêtêmu limalas, iku bêcik, aran Pandhawa mijil, kajèn kèringan kang ngingu.
Pêrkutut (tangguh): Sikil abang nom, pêrkutut sikile abang nom têrus ing gênthane lan têrus ing talapukane, iku tangguhe Dêmak.
Sikil abang tuwa, pêrkutut sikile abang tuwa têrus ing gênthane lan têrus ing talapukane, rupane angêmprit gantil, iku tangguhe Tuban.

--- 4 : 1838 ---

Sikil putih, pêrkutut sikile sêmu putih têrus ing gênthane, acucuk cêndhak, iku tangguhe Mataram.
Sikil balawus, pêrkutut sikile bêlawus têrus ing gênthane lan têrus ing tlapukan, iku tangguhe Sêdayu.
Wulu ijo, wulu sêmu ijo dumêling têrus ing gênthane, iku turune Ki Jaka Mangu.
Wulu wungu, wulu wungu têrus ing gênthane lan têrus ing talapukane iku tangguhe marang Pajajaran.

--- 4 : 1839 ---

Buron alas :
Anênumpu buron alas.
Brancah :
zie têmbung basa.
Branjangan :
Unine manuk branjangan: cucuwiyun jêkithut.
Burcèt :
Ana warna loro, nêtês sarta dumunung ana ing tanah Eropah nanging ora bêtah ing adhêm, yèn măngsa badhidhing: alihan.
Brarunting :
brahmana rêsi ... zie P.N. no. 2 en 3.
Braradya :
brahmana rêsi ... zie P.N. no. 2 en 3.
Berok :
Wangsalan ingkang wêdhus jalamprah. 2. wănda zie Banowati.
Barukarna (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak barukarna: bênêr, ing bongkot anjêbèr, pucuk nganggo gêthêtan.
Bèri karêcêt :
= kêcèr.
Brêkutut Kw. :
uka, kitiran, kiswara.
Bêrkutut manggung :
zie gend.
Barukalataka (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak barukalataka: bênêr, gêthêt loro,

--- 4 : 1840 ---

awak gilig.
Brakumara :
prabu ... P.N. no. 20.
Burdir :
zie abdi dalêm gêrji letl. c.
Brati :
iku dumunung ing tanah Eropah.
Barat Kw. :
anila, erawati, uswasa, aliwawar, angin, titipa, sindhung, sandhaka, samirana, warsawata, wawana, wayu, păncawara, pracandha, pracalita, pratipa, prabancana, pawana, maruta, margana, guna, gunanandu, bajra, bajrapati, bayu, bayubajra, zie angin en prahara.
Bêrot :
Wangsalan Tjent. pamêksaning laku = ambêrot.
Bratana :
zie sêsuruh.
Bratandang :
brahmana rêsi ... P.N. no. 2 en 3.
Barutropong (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak barutropong: bênêr, ambêmbêng kapara mara gilig.
Brataka :
prabu ... = Radèn Sêsuruh.
Barat Katiga :
kyai ... zie K.G. no. 61.
Bratakusuma :
radèn ayu ... Img. no. 144.
Bratakusuma :
radèn ayu ... Img. no. 176.
Bratasena :
wandane gurnad sarta mimis.
Bratajaya :
radèn ayu ... Img. no. 123.
Bêras :
zie uwi.
Boros :
zie wit (kunci).
Brêsih desa :
Wiwite ana wong mêmule brêsih desa saka Rêsi Andong Dhadhapan sarta Rêsi Gadhingmangukir, sabên taun sapisan bubar panèn, ingaran: gramawedha, minăngka panulaking pagêblug, sinangkalan: pujaning brahmana guna (387).[3]

--- 4 : 1841 ---

Burisrawa :
wandane cawêt sarta bokong.
Burasngura :
= Adipati Utarabumi zie P.N. no. 17.
Brawijaya I :
prabu ... P.N. no. 21.
Brawijaya II :
prabu ... P.N. no. 23.
Brawijaya III :
prabu ... P.N. no. 24.
Brawijaya IV :
prabu ... P.N. no. 25.
Brawijaya V :
prabu ... P.N. no. 26.
Brawijaya :
zie plangkan.
Bruwang :
a. Bruwang irêng dumunung ing padunungan tanah Asiyah sarta Aprikah saurute, măngsa daging mêntahan. b. Bruwang abang dumunung ing antarane tanah Sapanyol sarta Prangkrik, uga mangan daging mêntahan. c. Bruwang laut, dumunung ana ing sagara anjêndhêl lor, kulite kêna ginawe samak.
Brulap irêng :
Iku bangsaning kêthèk, pasabane ing alas tanah Amerikah utawa kapuloan Indhu kulon, swarane kaya macan sarta anggêrêng, mangan wowohan.
Brulap abang :
iku iya bangsaning kêthèk, pasabane ing alas tanah Aprikah, swarane kaya macan sarta anggêrêng, mangan wowohan.
Barupanatas (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak barupanatas: bênêr, bongkot ada-ada, pucuk gèpèng.
Brajanala :
1. zie abdi dalêm kaparak kiwa têngên no. 6 2. zie bètèng. 3. zie upacara letl. f dhampar. 4. lor kidul zie dhatu no. 27 en 43. 5. abdi dalêm brajanala kèhe 22, kalêbu panèwu mantri sarta jajare aran: sagolongan, pagaweane rumêksa kori brajanala lor kidul, anane prajurit brajanala wis dhèk jaman Mataram, têgêse brajanala = ati landhêp.

--- 4 : 1842 ---

Brojol :
Kêris dhapur brojol: bênêr, dêdêging kêris: cêndhak, ing ngarêp tanpa kêmbang kacang, gănja tanpa grènèng, iku yasane Prabu Kudalaleyan ing Pajajaran, kang kinèn gawe Êmpu Windusarpa, sinangkalan: sirnaning pituture nabining jagad (1170).[4]
Brojol (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris brojol: bênêr, ora nganggo prabot.
Brajamuka :
zie gajah.
Braya :
kabrayan = sugih anak, pamrihe kopèn kinamulèn.
Bramana :
1. zie pandhita, 2. bramana wolu nalika têka saka ing sabrang angajawa, pangarêpe pêparab Bathara Panyarikan, akarya tulis ... sinangkalan: raga trusing netra (298) Jimakir.[5]
Bramara :
zie gêndhing.
Bramarawilasita (têmbang gêdhe) :
laku 11 pêdhotan 4. 7. x 2 = 22 x 2 = 44 zie lêbdajiwa.
Voorb || Lawan lwah lwah | batu witana dalêm | kêmbang bajro | jwalaya noja dilêm ||
munggèng têmbing | ning taru nasa dalêm | sumrik rumnya | kasta pudhaking dalêm ||
Burbanagara :
wangsalan Tjent. mêngkupraja.
Brêbês :
zie Sêmar.
Barabudhur :
zie rêca budhur. Candhi Marabuda = Barabudhur gew. kang yasa Rêsi Dewa Buddha (Bathara Guru) kaadêgake ana ing tanah Kêdhu (Bagêlèn) kanggo pamujaning para dewa, sinangkalan: tataning barakaning janma (105)[6] P.R. I. 209-2 v.o.
Barang (kaniyagan) :
Anane laras barang = no. 1. (saron) saka anggite Prabu Basurata ing Wiratha, nalika taun 407 zie Basurata.
Barong :
1. zie Kumbakarna, 2. pangantèn nganggo barongan, miturut agama Kala P.R. II. 32 -10.
Barong :
zie buta.
Brangke :
zie sor.
Brangus :
zie kambil karajan no. 6.
Brêngos Kw. :
rawis, kumis, kumbala.
Biring wadon (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak biring wadon: gusèn ada-ada, ambêmbêng kagêthêt.
Biring lanangan :
(id.). Dhapuring tumbak biring lanangan: bênêr, bongkot ing pojok gusèn.
Branggah :
zie kêbo sapi (sungu).
Buk :
Nalika yasa buk larèn banyu Pêngging anjog ing kadhaton sinangkalan: wolu lang kêbo siji (1708) Ehe.[7]
Baka :
Prabu ... jumênênge Ratu Baka, sinangkalan: rupa musna sunya căndra (1001) Wawu.[8]
Baki :
zie abdi dalêm Surakarta letl. c.

--- 4 : 1843 ---

Bako :
= Têmbako. Bako iku kang maedahi marang manungsa: godhonge, ing angganing godhong iku ana talutuhe kayadene racun: angêndêmi. Bako yèn diobong anggănda ora enak, yèn wong lagi wiwit udud angrasa ora enak, nanging yèn wis kulina banjur nyakot: malah kêtagihan. Ing wêktu iki bako kang wis kasumurupan kira-kira ana 60 warna, sarèhning panandur lan pamulasarane ora padha, dadine iya ora padha bêcike.
Bako iku kang akèh saka ing tanah Amerikah, pancèn pinangkane saka ing kono, banjur digawa sarta ditandur ana ing tanah liya-liyane, diarani manut araning panggonan panandure, kaya ta: bako Dhèli, bako Dhortoriko, Kandhangan, Kuldhan lan liya-liyane. Bako kang bêcik sarta akèh rêgane, rupane irêng, lan kudu kang lêmu.
Srutu Habana (Havan) rasane enak, ambune arum, mangkono manèh bako Turki. Wah manèh yèn dimomori adune, rasa lan ambune sangsaya enak.
Ing Payakombo (Sumatra) iya ana tanduran bako, rupane kuning, arane iya bako: Payakombo, dadi dagangan, nanging ora pati akèh. Bako wêton ing Dhèli (Sumatra pasisir wetan) akèh bangêt, saking kèhe wong kang padha nandur bako, saiki dadi dagangan gêdhe, lan akèh para tuwan dêdunung ana ing kono, pêrlune mung nandur bako, pakolèhe kinirimake marang tanah Eropah.
Kangjêng tuwan ingkang wicaksana Guprênur Jendral Van den Bosch amarentahake nandur bako ana ing tanah Jawa. Nalika taun 1839, bako wêtune tanah Jawa kang ginawa marang tanah Eropah pangaji f 842,892 rupiyah, nganti tumêka saiki tanduran bako ing tanah Jawa iya isih dadi dagangan gêdhe, agawe kauntungane wong cilik.
Wong tani tanah ing Nèdêrlan, Swèdhên, Jêrman, padha nyoba nandur bako nanging kadadeane ora bisa dadi bêcik, mulane ora ana kang misuwur.
Nalika taun 1862 băngsa Ruslan wiwit nandur bako, pabrike ing Amborêh, srutu wêton ing kono sêtaun-taune kurang luwih 100.000.000 pon. Ing tanah Inggris, kang wiwit mulang nandur bako Tuwan Kaptin Drakê, ing tanah Portugal: Kardinal Santakrus. Nalika bako lagi wiwit têkan ing tanah Eropah, wong ing kono ana kang banjur dhêmên udud, ana ora.
Dhèk jaman biyèn wong ing tanah Turki dilarangi bangêt ora kêna udud, yèn ana kang wani nêrak, dipatrapi paukuman abot.

--- 4 : 1844 ---

Nalika jamane Kangjêng Ratu Èlisabèt, para luhur ing sajroning kadhaton, sanadyan para putri, padha karsa sês, sanadyan ana ing greja. Nalika taun 1624 Orbakus VIII. andhawuhake larangan, sapa sing wani udud ana sajroning greja, kapatrapan paukuman abot. Wong ing tanah Indhi sarta Turki wiwite udud sajroning jaman ping 17 (taun 1601–1700) mulane ora bisa tumuli warata, awit akèh para panggêdhe kang padha nglarangi.
Nalika panjênêngane Sultan Amurot IV. ing tanah Turki andhawuhake pêpacak, sapa-sapa sing wani udud, kapatrapan paukuman, pipaning rokok kacublêsake ing irunge, banjur diarak kaidêr-idêrake sajroning nagara. Ing jaman kuna mèh kabèh para raja ing tanah Eropah anglarangi wong udud. Saiki mèh kabèh băngsa karêm udud bako, utawa ginawe susur, dagangan bako dadi gêdhe bangêt, rêgane nganti yutan rupiyah zie S.D.1834 blz. 134.
2. Kw. tambar, tambak, sata. 3. zie têmbako. 4. bako, tambako of tobako kagawa saka araning pulo Tabago wong Portêgis sarta Sapanyol, angarani pulo mau Tabaco.

--- 4 : 1845 ---

Bokor :
zie waloh.
Bokor mas :
pawijikan, kawadhahan ing bèri mas, zie upacara letl. f.
Bakul :
zie srandu kêbo sapi.
Bêkêl :
(W.H.) têgêse: tunggu, utawa ancêr, iya iku kang kawênangake rumêksa ala bêciking padesan, lungguhe saparoning lurah.
Bèkèl :
zie (iwak) wangsalan Tjent. kang wadhuk malênthi.
Bokong :
1. Kw. hatski, wangku, wangkong, pracalita, pasmika, bocong. 2. Nyai Agêng Bokong zie Sel. no. 1. 3. zie srandu. 4. zie srandu ukiran. 5. zie srandu kêbo sapi. 6. zie Indrajit. 7. zie Burisrawa.
Bêkêm :
zie (iwak kali) wangsalan Tjent. ulam angêmpoki.
Bakung :
1. Kêris dhapur bakung luk lima, nganggo pejetan, nganggo tikêl alis, nganggo grènèng. 2. Kêris dhapur yuyu rumpung: bênêr, nganggo pejetan, ing ngarêp kêmbang kacang, sêpang, nganggo lambe gajah, gănja ing buri nganggo grènèng.
Kêris warna loro ing dhuwur mau yasane Prabu Basupati ing Wiratha (wayahe Sang Hyang Wisnu) kang kinon anggarap Êmpu Dewayasa, sinangkalan: loro-loro tinata (522).[9]
Bêkungkung :
Bêkungkung iku pasangan macan, kang ginawe kudu kayu atos, kaya ta: jati, kêmlaka, walikukun lan liya-liyane, nanging kang pakolèh dhewe, galugu.
Ambane 1½ kaki. Dawane ing jêro (kajaba gimbal sarta purus) 11 kaki. Dhuwure 2 kaki.
Saka kori têkan bolongan cakiling bêsat, dawane 7 kaki.

--- 4 : 1846 ---

Saka bolongan cakiling bêsat têkan ing bolongan, dawane 4 kaki. Dawaning inêb kori 6 kaki. Dhuwuring adêg-adêg cagak palang kang nyăngga bêsat 4 kaki. Dawaning palang 1½ kaki. Dawaning bêsat 6 kaki, 8 dim.
Patrape masang bêkungkung mangkene: yèn panitike alas wis têtela ana macane, bêkungkung banjur kapasang ana sapinggiring dalane wong pangalasan, utawa wong pagunungan, kang katon tapake sok diambah ing macan, dohing bêkungkung saka ing dalan antara 3 kaki, korine diarêpake ing dalan, sikiling bêkungkung ing ngarêp karo pisan dipêndhêm ing lêmah, jêrone ½ kaki, kajaba kukuh supaya dhuwur ing buri, bêkungkung banjur ditumpangi rencekan kayu cilik-cilik, dalah godhonge dikatutake kaentha grumbul, pamasange ing wayah sore, ing jêro kaprênah bokonging bêkungkung saburining cakil: dicancangi wêdhus, dadi kamelikaning macan arêp dimăngsa, korine dingakake, inêbe kapasang cumanthèl ing bêsatan, bêsatan ing buri kacanthelan cakil, cakile kang ngisor kalêbokake bolongan bêkungkung, kacanthèlake ngarêp supaya yèn kasêndhul ing macan olèhe marani wêdhus, cakile bisaa banjur marucut, korine banjur minêb, dene wêdhu-[10]

--- 4 : 1847 ---

[...][11] lakan) chr. | sindu (banyu susu) chr. | sindu upaka (yèn banyu ing bangawan) Spr. | suci (banyu ing padasan) Schr. | samodra (banyu têlêng) Schr. | sanghara D.N.K. | sangara. | we. | wahana (banyu udan) Schr. | waudadi (banyu deresan of pancuran) Schr. | warih (yèn banyu ing oyod Spr. en Schr.(banyu krambil) Schr. | warna (banyu sawangan) Schr. | wulus Schr. | wulusan (yèn banyu mancur saka ing dhuwu)[12] Spr. | waya D.N.K. | wayi D.N.K. | lodana chr. | lodaka (yèn mungguh rêmbêsaning gistha ?) Spr. gistha Kw. têgêse kăndha en sêdya, utawa banyu rêmbêsan gênthong chr. | lwah D.N.K. | pusparanu (banyu tètès saka ing wêwadhah) chr. | pêtha (yèn banyu munthuk sarta amalêndhung) Spr. | jahnawi D.N.K. | jahnawi kumba (banyu tulakan) Schr. | jahning D.N.K. | jala D.N.K. | jalaniddhi (banyu angêdhung) Schr. | yèh D.N.K. | yahning D.N.K. | yang D.N.K. | gangga D.N.K. | gangga warih (banyu kalèn) Schr. | bong, | banyu tumampar | hèr tali | hèr talidhang. | hèr tambang | wesundara | wesundari | wasundariya |

--- 4 : 1848 ---

Namaning toya
har = hèr ... toya kw. | hèr tali = toya tumampar kw. | hèr talindhang = toya alaran kw. | hèr tamba = toya tumpar of toya guling. | harjuna, toya kèndêl ing jêmbangan Kw. | hèrjuna, id | udaka, toya wontên ing wadhah. | hètu. | hètuh, toya ing wowohan. | hwap. | angaka. | ranu = toya Kw. | rancak harni, toya tinalangan. | tirta, toya sumur. | tikta. | tita. | toya. | tuban = toya Kw. | tangaka. | sindu = toya Kw. | sindu upaka, toya bênawi. | sangkara. | sangara = toya Kw. | we = toya Kw. |

--- 4 : 1849 ---

wasundari = toya bêning Kw. | wasundariya, toya tumampar. | warih, toya ing oyot. | wulus. | wulusan, toya saking nginggil. | waya = toya Kw. | wayi. | lodana. | lodaka, toya rêmbêsan. | lwah, toya lèpèn of sumbêr Kw. | pêtha, toya malêndhung of unthuk Kw. | jahnawi = toya lèpèn Kw. | jahning = toya Kw. | jala. | jala tarang = toya jawah Kw. | jaladhi, jaladhiyan ... toya sagantên Kw. | yah = toya Kw. | yahning. | yèng. | gangga = toya Kw. | bong.

--- 4 : 1850 ---

Namaning angin.
anila. | erawati of erawatya = angin agêng of swaraning angin. | aliwawar = prahara Kw. | sindhung. | sindhung aliwawar. | sindhung riwut = prahara of lesus Kw. | sindhung bisaka. | sèndhung. | saddhaka. | samirana. | lesus. | păncaruka. | păncawora. | păncawora tarik. | păncaruba = prahara Kw. pancawora = prahara. | prahara = angin agêng Kw. | pracandha, pracondha = prahara Kw. | pracalita. | pratipa = lesus Kw. | prabancana = angin Kw. | pawana = angin Kw. | pajaka. | maruta = angin Kw. | margana. | gunawandu. | barat. | bajra, brajapati = prahara Kw. | bayu = angin Kw.

--- 4 : 1851 ---

Banyu :
1. Kawah, banyu panas sapucuking gunung. 2. Tlaga (sêndhang agung) kang ana ing tanah pagunungan, kaapit ing gunung, kosokbalining rawa. 3. Rawa (sêndhang agung) kang ana ing tanah ngare, kosokbalining tlaga. 4. Sêndhang, tuk kang mêtu saka sawijining palêmahan kang ora cêdhak kali, ana sajêro utawa sajabaning desa, banyune kêna ginawe ngoncori sawah sawatara. 5. Sumbêr, rêrêmbêsan mêtu saka sawijining palêmahan kang ora cêdhak kali, ana sajêro utawa sajabaning desa, banyune kêna ginawe kabutuhaning desa, ora cukup ginawe ngoncori sawah. 6. Bêlik, rêrêmbêsan mêtu saka palêmahan sacêdhaking kali, banyune mili marang kali. 7. Umbul, mêtu saka sawijining panggonan ing tanah ngare, udale muncar mili dadi kali, kanggo sêsawah. 8. Grojogan, banyu mêtu saka lambunging gunung tiba ing jurang dadi kali, kaya ta: grojogan Si Pêndhok, kalape[13] banyune: ana ing tanah ngare. 9. Pancuran, banyu rêrêmbêsaning gunung kalumpuke tinalangan pring dadi pancuran, kanggo kabutuhaning desa. 10. Tritis, banyu mêtu saka rêrêmbêsaning gunung watu utawa padhas, ura saubênging gunung, rêrèjènge padha tètès banyune, kaya ta: ing Parangtritis.
Banyon :
zie kambil karajan.

--- 4 : 1852 ---

Banyak :
1. Iwak banyak ora pati pinilala, dening alot sarta anggănda wêngur, kang sayoga mung pinindhang.
a. Radèn Adipati Mangkupraja seda ayah, sêpta dhahar pindhang banyak, amarga saking sêptane: putra wayahe kang kapêtêngan atèn, mêmule nganggo saosan pindhang banyak, supaya antuk marga padhang. b. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prb. M.R. ing Kartasura, wilujêngan dalêm dhahar kol, nganggo saosan pindhang banyak sarta bêkakak wêdhus. c. Dèwi Basudari olah iwak ulur wêdhus winor lan dhadha mênthok banyak ingaran iwak noh, gandane arum zie P.R. II. 53-10 v.o.[14] d. Êndhog banyak gêdhe-gêdhe angungkuli êndhoge [ê ...]

--- 4 : 1853 ---

[... ndhoge] pitik iwèn liya-liyane, nanging ora pati enak sarta ora pati akèh, kèh-kèhe mung nêm, nyêngkane mênyang wolu: banjur dingrêmi.
2. zie kambil karajan no. 10.
3. Kw. awija, ăngsa, wranggura, gangsa.
4. warna papat, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisi[15] lor, mangkono uga kang nêtês sarta dumunung ing tanah Asiyah.

--- 4 : 1854 ---

Banyak iku bangsaning manuk, sarta antaraning manuk banyu lan manuk dharat, têgêse: ana ing banyu iya dhêmên, ana ing dharat dhasar pasabane, gulune dawa bangêt, sadhuwuring cocor nganggo bathuk, sikile cêndhak, antaraning darijine ana kulite tipis andadèkake gathuking dariji mau, mulane yèn ngambah banyu kayadene bèbèk, nanging ora golèk pangan ana sajroning banyu, pangane ana ing dharat, doyanane klikaning têki dicocori nganti bisa rêsik, pakanane gampang bae sêga thothok iya doyan, banyak iku ora dikandhangake saba ana ing palataran, yèn ana ula wani nocor sarta diobat-abitake nganti dadi lan patine, mulane pomahan yèn ana banyake, arang disaba ula, lar banyak kêna ginawe nulis kayadene kalam, sarana dikarèt kayadene pèn waja, bisa nyêkêdhung kanggo andhêging mangsi, dadi ora lètèr kaya kalam, sadurunge ana pèn waja, kabèh wong nulis nganggo lar banyak, nanging ing saiki wis ora kanggo, saking wis ana pèn waja mau, dene kalam mung kanggo nulis jêjêg lan nulis sastra Arab zie arèn, lar manuk bidho iya kêna ginawe kalam zie bidho.

--- 4 : 1855 ---

Banyak angrêm (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak banyak angrêm luk 3, ing bongkot anjêbèr.
Banyak Anglangi :
zie gêndhing. Banyakpatra kalangênane Dèwi Basudari P.R. II. 52-5 v.o.
Banyakdhalang :
(= banyakmas) zie upacara letl. f.
Banyol :
iku angarah cucud kang bisa gawe guyuning wong zie dhalang art 4.
Banthèng Kw. :
andaka, angun-angun, saraca, sarawa, jawidha, yawa, go, goh, gohgo, gardaka Tjemp 143-7 v.o. , girisa, gurisa, gawindra, gawaksa, gawala, bapa kridha, zie sapi.
Banthèng warèng :
zie gêndhing.
Bucu :
zie dhêngkak en butun.
Bicara :
layang Pustakaraja wis ana têmbung bicara P.R. IV. 59-4.

--- 4 : 1856 ---

Bar :
Tj.B. papa.
Bêr :
niet.
Bir :
Tj.B. kumandêl.
Bur :
Tj.B. mêsat.
Bèr :
TJ.B. kinawruhan.
Bor :
niet.
Bra Kw. :
rêksa, ambranang, abra, ratu, sumirat, wrata, murub, gumêbyar.
Bara :
(W.H.) têgêse: anjrah.
Baru (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak baru: bênêr, ămba ing bongkot gêthêtan.
Bêri :
a. Manuk bêri nêtês sarta dumunung ing tanah Mêsir, măngsa bathang.

--- 4 : 1857 ---

b. Manuk bêri nêtês sarta dumunung ing tanah Amerikah sisih wetan, pasabane ana sauruting gunung Kêndhêng, măngsa bathang. c. Manuk bêri nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, măngsa bathang. d. Manuk bêri nêtês sarta dumunung ing tanah Mêsir, măngsa ula. e. Manuk bêri nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih kidul, măngsa bathang. f. Manuk bêri nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, măngsa manuk. g. Manuk bêri nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, măngsa iwak. h. Manuk bêri = rok nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, măngsa bathang. i. Manuk bêri (abang) nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, măngsa bathang.
Bèri :
zie bahiri.

--- 4 : 1858 ---

Braat :
1. Braat iku têmbung Arab, tunggal lingga karo ebra kang wis kanggo ing têmbung Jawa, têgêse: lêbar, luwar, udhar, mungguh dina tibaning braat mau: ing dalêm sataun ping pindho. Sapisan ana tanggal ping 10 sasi Mukaram, ingaran: dina Ngasura, têgêse: tanggal ping sapuluh, mulane dina iku ingaran: tibaning braat, awit kasêbut ing kitab Nasatul Majalis, jilidan sapisan kaca 150, bab kautamaning pasa dina Ngasura. Kacarita ana para nabi sawatara kang kaparingan luwar saka ing pakewuh, utawa tămpa nugrahaning Pangeran ana ing dina Ngasura, kaya ta: a. Nabi Adam, tinarima tobate, malah pinaringan sêsêbutan: Sapiyullah, têgêse: pêpilihaning Allah. b. Nabi Idris gew. (Edris) jinunjung marang swarga. c. Nabi Nuh, praune wiwit kandhas. d. Nabi Ibrahim, slamêt saka ing gêni, banjur pinaringan sêsêbutan Kalilullah, têgêse: mitraning Allah. e. Nabi Dawud, ênggone ngrêbut somahing punggawane olèh pangapuraning Pangeran. f. Nabi Suleman, ênggone kèngsêr: kabalèkake, têtêp jumênêng nata manèh. g. Nabi Ayup, sênggang saka gêrahe. h. Nabi Yunus, mêtu saka wêtênging iwak.

--- 4 : 1859 ---

i. Nabi Yakkup gew. (Yakup) katêmu kang putra Nabi Yusup, kang wus ilang pirang-pirang taun. j. Nabi Ngisa, jinunjung marang ing langit.
(Kabèh iku ana tanggal ping 10 sasi Mukharam).
Donga kang dianggo andongani slamêtan Suran, iku iya nyêbutake para nabi mau gone padha linuwarake saka pakewuh utawa tămpa kanugrahaning Pangeran, ana ing tanggal ping 10 sasi Mukharam. Mulane sabênêre tibaning braat iku ana ing tanggal ping 10 sasi Mukharam. Ananging sarèhning kawruh palak nêrangake yèn palêthèking tanggal iku sok bisa andhisiki petungan nganti rong dina, kaya kang kasêbut ing kitab Wasilatuttullab, mulane saka pangati-atining wong, tibaning braat kaajokake rong dina, dadi ana ing tanggal ping 8 sasi Mukharam.
2. Dene slamêtan Suran iku kang dimêmule bênêre iya para nabi kang kasêbut ing dhuwur mau, padha disuwun barkah ing supangate, dadi cocog karo surasaning donga kang dianggo andongani. Ananging kalumrahane ora mangkono, băngsa Jawa yèn slamêtan Suran, kang padha dimêmule: Bagendha Kasan Kusèn, padha wayahe Kangjêng Nabi Mukhammad. Kalumrahan mangkono iku manut adate wong Singah, iya iku pakumpulan kang anjunjung Bagendha Ngali dijumênêngake ratu, sarta nganggêp sedane Bagendha Kusèn kinaniaya ana ing tanggal ping 10 sasi Mukharam, iku nglakoni dadi wadale sapa-sapaa kang ngluhurake[16]

--- 4 : 1860 ---

Bêruk :
Nalika jamanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III (suwarga) ing wanci dalu nguningani salêbêtipun dalêm Prabayasa wontên wahyu saking lèr wetan cumalorot dhawah ing jrambah Prabayasa, agêngipun saklapa satabonipun, wontên ing ulon-ulonipun lare èstri tilêm, botên dangu ponang wahyu ical malêbêt ing guwa garbaning lare èstri wau, ingkang sinuhun enggal têdhak nyakêti, tapihing lare èstri lajêng kabundhêlan, ingkang sinuhun lajêng miyos andhawuhakên dhatêng nyai tumênggung ingkang tampi, botên kalilan mêngakakên kori agêng sarta kori-kori butulan ing wanci enjing kajawi namung kori satunggal ingkang anjog ing Kradèn Ayon.

--- 4 : 1861 ---

Bêkungkung:[17]
s mau iya sida dipangan macan sajrone macan iku wis kêna ing bêkungkung. Dene yèn durung olèh macan, ing wayah esuk wêdhuse diwêtokake saka ing bêkungkung banjur dingon, sorene dilêbokake ing bêkungkung manèh, mangkono ing sabanjure. Dene yèn wis olèh macan, macan iku banjur dilih marang ing grobog, patraping pangêlih mangkene: grobog kacêdhakake ing bêkungkung, adu kori sarta padha dingakake, bêkungkung banjur dilêboni gêni saka ing buri, macan kêpêksa ngalih marang ing grobog dening wêdi kêna panasing gêni, yèn macan wis malêbu marang grobog, korining grobog banjur diinêbake, macan tinêmu mungkur, banjur kêna digawa marang ing sakarêpe. Yèn macan dipurih uripe nganggo dipakani iwak mêntah, utawa pitik ing dalêm sadina sawêngi: rolas.
Buda :
= Buddha. Ing ngisor iki lakune sangat kabudan kaya ta: Dina - Jam 6 - Jam ½ 8 - Jam 9. - Jam ½.12 - Jam 1 - Jam ½ 3 - Jam ½ 5 - Katrangan.
Ngahad - Sri - Kala - Yuwana - Sarik - Laba - Pacak - Sunya - ...
Sênèn - Kala - Yuwana - Sarik - Laba - Pacak - Sunya - Sri - ...
Slasa - Yuwana - Sarik - Laba - Pacak - Sunya - Sri - Kala - ...
Rêbo - Sarik - Laba - Pacak - Sunya - Sri - Kala - Yuwana - ...
Kêmis - Laba - Pacak - Sunya - Sri - Kala - Yuwana - Sarik - ...
Jumungah - Pacak - Sunya - Sri - Kala - Yuwana - Sarik - Laba - ...
Sêtu - Sunya - Sri - Kala - Yuwana - Sarik - Laba - Pacak - ...

--- 4 : 1862 ---

Buda :
= Buddha, brahmana rêsi ... zie P.N. no. 1.
Bèdru :
zie Karna.
Bodri (padhalangan) :
Ing padhalangan nêmbungake: wayang kabodri, iku wayang kang wulune tuwin brêngose, apadene cangklakane, lan wulu dhadha, lêngên utawa sikil padha kacorèk ing wali, ora nganggo pulas irêng, iku kabèh ingaran mêngkono. Panggawening bodri nalika wayang isih putihan tinulis ing potlup[18] dhisik banjur diukir ing wali.
Badranaya :
zie gêndhing.
Badarussamsi :
zie Img.no. 146.
Budiman :
radèn mas ... zie K.S.no. 3.
Buta Kw. :
asura, raksasa, rota, rasêksa: lanang, rasêksi: wadon, kala, danawa, ditya: lanang, dityi: wadon, diyu: lanang, dyani: wadon, wisaca: lanang, wisaci: wadon, wil, pisaca: lanang, pisaci: wadon, gandarwa, bannasa.
Buta alasan (padhalangan): Buta alasan wadon, iku buta murgan, yasane Sinuhun Sultan Agung, minăngka sangkalan gone karsa yasa wayang = 1556[19] zie Nyakrakusuma.
Buta ijo :
= kawruh êmpu. Dhapuring kêris buta ijo luk 9 nganggo sogoka[20] sraweyan sarta ri pandhan zie panimbal.
Bêtèn :
zie kimpul.
Bêton :
zie kara.
Butun :
= bucu ing buri P.R. I. 197 (35).
Batur :
zie dhatu (7).
Buta ratu nom :
wandane mêndhung sarta barong.
Buta ratu tuwa :
wandane têkèk sarta bêlis.

--- 4 : 1863 ---

Butrawali :
Wit butrawali marambat, gêdhene sajênthik, godhonge bundêr kaya godhong mangkokan. Wit butrawali digêcak, kagodhog, banyune pait bangêt, ngungkuli paiting mêniran, ginawe tămba wêtêng bêngka, utawa tămba bêngang.

--- 4 : 1864 ---

[...][21] wa mênyang lautan sêrêpan yèn ginawe amèk iwak bisa olèh akèh, lan nêmu pêpêndhêman salaka, kang dadi pangane galêpung lan warangan diwurwurake, lêngane: sabarang lênga kêna.
b. Wêsi balitung ala, rupane biru pating dlêmok mangkak, yèn dithinthing unine: thêng, cêkak, sapa kang nganggo ora wurung kasusahan lan kamlaratan, prasan atine kaya kêna dosa marang wong wadon, poma dèn ngati ngati.
Bêlis :
zie Dasamuka.
Bulus :
1. Kw. krudhapada, kurmanda, welusa, wadhungha, wayangsa, weyangga. 2. Wangsalan Tjent. slamêting sêsawah = tulus.
Bèlès (iwak kali) :
wangsalan Tjent. netra jingga = bèlèk.
Bluluk :
zie wit (krambil).
Blêdhug (kasanga) :
jêblose bumi tanah Kuwu dadi blêdhug, banyune asin, sinangkalan: wong karo mumbul sing bumi (1021) Jimawal.[22]
Blêdhèg :
1. Kw. anala, apuy, agni, dahana, siking, pawaka, pudhi, puyika, mêrcu, mêrbyu,[23] graksa, bahning, brahma. 2. zie gêlap en gludhug. 3. zie Sagarawana.
Blêdhèg (mariyêm) :
Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, karsa yasa mariyêm, kang ingandikakake gawe Walănda saka ing Jakarta nalika taun surya 1629 utawa taun căndra 1567, kaparingan aran: Kyai Blêdhèg. Bêdhèg[24] têmbung wantah = gêlap.

--- 4 : 1865 ---

c.[25] Kang têngah diarani: dhadha. d. Ngisore = no. 4 diarani: lima. e. Pungkasane = no. 5 diarani: nêm. Lan manèh karsa nganggit têmbang gêdhe sinangkalan: swara sirna kinarya = 407.[26]
Basuki :
Ciri basuki, unyêng-unyêngan jaran ana sikil ing buri sisih lambarane, watêke bêcik, kang ngingu kalis ing păncabaya.
Bisu tinutup :
Ciri mêngkono, unyêng-unyêngan jaran ana ing uwang kiwa têngên, watêke ala, nanging yèn mung sasisih, bêcik, kinawêdèn cature.
Bêstru :
1. Kw. gambas, balustru. 2. Wangsalan, anggung dadya mêmungsuhan = satru.
Bêsusu :
1. zie wit. 2. Wangsalan Tjent. parang jaja ing wanodya = susu. 3. Kw. kuwangan, bêngkowang.
Bêsole :
= angkup kaluwih.
Basa Jawa :
Basa Jawa kang muni ing layang karangane Tuwan A.H.J.G. Walbeehm
N. en K.N.: 22,000 | K: 579 | T.K.: 104 | K.D.: 246 | K.I.: 286 | Md.: 63 | Ks.: 246 | Kd.: 14 | Zie Taals blz. 30.
Bisama :
êmpu ... zie P.N. no. 4.
Basêng :
zie srandu kêbo sapi.
Bawon :
(W.H.) têgêse sabawon = sajupukan, iya iku sajupukaning pari yèn arêp ditutu ing lêsung, dhèk jaman sêmana amote: 4 gèdhèng.
Bawaraga :
zie gêndhing.
Bawanyara :
Ciri bawanyara, jaran wulu abang têrus lan balalaking mata, watêke bêcik, nyugihi tur raharja.
Buwang :
1. Ambuwang uyah. 2. Buwang kokoh. 3. Buwang duduh jangan. 4. Buwang tuma urip, dadi pangane Bathara Kala.
Bala Kw. :
wrahatbala, wadu, wadya, wadyabala, waladara, waladika, walaba, brêtya, balawan, batha, zie tumênggung en punggawa.
Bêlo :
zie laku letl. i.
Bulu :
1. Kw. ambulu, ambulya. 2. zie abdi dalêm Sukaharja letl. c. 3. Wangsalan Tjent. sandhangan manuk = wulu.
Bule :
zie srandu kêbo sapi (wulu).
Baloh (= pancing) :
Wisaya iwak kali ingaran: baloh, panganggone sabên măngsa udan kali wis gêdhe sarta buthêk, patrape a-[27]

--- 4 : 1866 ---

Balencong:[28]
Bisa eling marang ăntawacanane (ampang antêping swara), manut apa rupaning wayang, ucêng-ucênge lawe, gêdhene sacucuking balencong, dilêbokake ing cucuk mau, lêngane kacang, ora cukup sakopi, mulane kudu nganggo dipirantèni jog, urubing balencong diukura gonggange karo kêlir = sakilan sacêngkang, (rong kilan kurang sathithik) luwih ora kêna, yèn kurang saka ing ukuran kanggo sabêting wayang: anggêpyok balencong.
3. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV. karsa yasa balencong mamas, nalika taun 1726 zie P.B. IV. letl. b.
4. Ing ngisor iki araning balencong pusaka karaton, iya iku Kyai: a. Jimat, kanggo Kyai Jimat, purwa. b. Kêbo Danu, kanggo Kyai Kadung, purwa. c. Kanyut, kanggo Kyai Jayèngkatong, gêdhog. Zie wayang.
Blandaran :
zie landheyan letl. d.
Blarak :
zie wit (krambil).
Bolu rambat :
zie bathikan.
Blak :
zie ukiran.[29]
Bêlik :
zie sêndhang.
Bêlèk :
zie têtak.
Bêlok, bêlokan :
Bêlokan iku blabag kayu jati kandêl loro, digathukake miring, ing têngah dibolong sasêdhênge ugêl-ugêl sikil, ing pinggir disindik sarta nganggo gêmbok, kèhing bolongan mawa-mawa da-[30]

--- 4 : 1867 ---

[...][31] mbaloh, wonge kang ambaloh nunggang prau tembo, balohe didokoki pakanan banjur dicêmplungake ing banyu supaya kèli ditutake saparane, samăngsa balohe wis disarap ing iwak, kênuring baloh banjur ditarik mêntas, adat olèh-olèhane iwak jambal sapêpadhane iwak gêdhe.
Bêlah :
1. zie abdi dalêm pambêlah. 2.(W.H.) têgêse: sigar, sabêlah = sasigar, iya iku saparoning gèdhèng. Etung atusan sabên luwih sèkêt diarani: bêlah, têgêse: pêparon, iya iku pêparoning atus.
Balan :
wangsalan Tjent. anggung sêsuta.
Bolon :
zie abdi dalêm Surakarta letl. d.
Balencong (padhalangan) :
1. Balencong iku kang nganggit Susuhunan Kalijaga dhèk jaman Dêmak, nalika taun 1443 zie wayang purwa rai miring. 2. Balencong iku damaring wayang, kang dianggo têmbaga utawa kuningan, rupane kaya cèrèt, nganggo omah-omahan kayu ing dhuwur didokoki canthelan, pamasange nganggo dikêncang olèh gawanganing kêlir karo liyane, ukurane ngungkuli karo sirahing dhalang, pakolèhe: dhalang bisa nonton marang paraupaning wayang kang arêp diucapake, dadi[32]

--- 4 : 1868 ---

[...][33] wa cêndhaking balabage, ana: 2, 3 utawa 4 iku pirantine wong dêdosan kang kêna prakara kadurjanan gêdhe, sikile kang siji dilêbokake ing bêlokan, supaya ora miruda.
Para pulisi dhistrik kang ora duwe kunjaran, yèn nyêkêl durjana ing sawayah-wayah banjur dibêlok.
Bèlèk :
zie gêndhing.
Bulakrêja :
zie abdi dalêm Sukaharja letl. b.
Balekambang Kw. :
pantimarta, prasika, yasakambang, măndakini, madekambang.
Blodir :
zie tatahan.
Baladewa :
wandane kagèt, sêmbada, paripêksa sarta gègèr.
Baladewa :
zie wit (randhu).
Balitar :
1. Pangeran ... Img.no. 3, 2. Pangeran ... Img.no. 33, 3. Sultan ... Img.no. 59, 4. Pangeran ... Img.no. 83, 5. Pangeran ... Img.no. 137, 6. Pangeran ... zie Pringgalaya Img.
Balutak :
wangsalan Tjent. timbrah wêdêlan = latak.
Balitung (kawruh êmpu) :
Wêsi balitung iku ana rong warna kaya ta: a. Kang asal saka watu: bêcik, rupane irêng grayange alus, yèn dibakar saya dadi wêsi bêcik, rupane iya isih irêng, wuwuh wungu mêlês, yèn dithinthing unine: mung, landhung swarane, kuwasane gina-[34]

--- 4 : 1869 ---

Batak (katuranggan) :
Jaran wêton Batak iku kang akèh wulu lan kulite, apadene atine: sêdhêng, êndhase gêdhe dawa.
Batawèn :
zie tatahan.
Batal :
(salat ngêntut), karam (mangan iwak babi), najis (andêmèk asu), mêkru (mangan brambang mêntah).
Buta mèlèr (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak buta mèlèr luk 3 bongkot lumayu, ada-ada, gusèn tuwin grènèng.
Buta gendhong :
Ciri buta gendhong, suluhan jaran lêgok, watêke ala, kêrêp kêlaran.
Batabang :
kyai agêng ... zie Tb.no. 2.
Batang :
kangjêng ratu ... Img.no. 4.
Biting :
1. sabiting = 1000 kridhaksara. 2. biting = bètèng, têgêse: bètèng kang isi prajurit 1000. 3. sabiting = 100 Wk. sabiting = 400 P.B. blz. 459. 4. angrêrunting biting.
Bètèng :
1. = biting, têgêse pagêr bataning kadhaton kang nganggo jagang (= larèn), tanpa jagang = ora aran bètèng. 2. Bètèng Karaton Surakarta wiwit nalêsi (pasang pondhêmèn) barêng lan adêging kori Brajanala (gapit), sinangkalan: sucining salira rasa tunggal (1684).[35] 3. Bètèng Karaton Surakarta rinusak, sinalinan pagêr bata dhuwur, sinangkalan: rasaning guna murtèngrat (1836) Ehe.[36] 4. Bètèng Klathèn, nalika Kumpêni angyasani bètèng Klathèn, sinangkalan: rupaning mantri swara tunggal (1731) Alip.[37] 5. Bètèng Surakarta, nalika Kumpêni angyasani bètèng Surakarta sinangkalan: anrus bolong obahing bumi (1699) Jimakir.[38]
Basănta (têmbang gêdhe) :
laku 14 pêdhotan 8.6 x 2 = 28 x 2 = 56. Kancuh puspanjali.
Voorb || kaluwihan wirèng pamuk | mrih sirnaning ripu | mênthang langkap Rêsi Bisma | pinuja minantran ||
sanjata pangalap mêngsah | wus lumêpas muluk | ibêg ngêbêki gêgana | sanjata basănta ||
Basurata :
Prabu Basurata ing Wiratha karsa muwuhi ricikane gamêlan salendro, arupa: grantang (= rêbab) lan salundhing (= saron) kang kanggo ing gamêlan, sapangkon diganêpi limang wilah, sarta diurut gêdhe cilike lan dawa cêndhake.
a. Kang gêdhe sarta dawa dhewe diarani: barang.
b. Nuli ngisore diarani: gulu.[39]

--- 4 : 1870 ---

Blêdhèg (godhong) :
zie wit (jarak).
Blimbing :
1. Panandure wit balimbing yèn wis 5 taun: awoh, yèn pêntile wis rada gêdhe dibrongsong, sajrone 50 dina wis tuwa, rasane kang enak: lêgi, kang ora: kêcut. Balimbing kêna kacangkok sarta ana trubusane kang thukul saka ing oyod, kêna katandur liya. 2. zie wit. 3. Wangsalan Tjent. wangsul ing margi = bali.
Blambangan :
= jaya (sura) tatana.
Blambangan :
zie tangguh.
Blumbangan :
1. zie ukiran. 2. = pejetan zie srandu kêris. 3. ngisor. 4. dhuwur ... zie srandu ukiran.
Blumbang sanga :
rawa ... (Trênggalèk) rawa blumbang sanga, cacahe iya sanga, manggon sapucaking gunung Arjuna, banyune iya uga warna sanga.
Balèg :
Ngumur 15 taun, sanadyan lagi ngumur 9 taun, bocah lanang mêtu manine, bocah wadon wis anggarapsari, iya wis aran: balèg.
Bligo :
Bligo iku ditandur ana ing pakêbonan, rumambat ing wit-witan, panandure ing măngsa labuh kapat, kêna kinêla utawa kinluwa, yèn băngsa Cina ginawe cêngkuwèh. Bligo wêton Samarang ditandur ana ing Surakarta ora kêna dirambatake ing wit-witan, nalosor ana ing lêmah bae, awit wohe gêdhene sadandang ginawa wong siji mèyèk-mèyèk, sing ngayoni nandur Jayakartika kawula dalêm magang ing kapatihan, omah ing kampu[40] Bramantakan M.N.
Blêgdaba :
zie dhatu (1).
Blêbêr :
zie wit (jambe).

--- 4 : 1871 ---

Blibar :
zie wit (manggis).
Blabak (têmbang têngahan) :
laku 12 sadhengah tibaning dhong-dhing: kêna, nanging kang 3 kudu tiba taling, kaya ta: Voorb || sêkar kapas wêlut wana mawa wisa: abdine | kapi têmên gon ingsun kêdah ngawula: mring anggèr | puspa randhu wêkasan durung karuwan: yèn kangge ||
Blabak :
zie gêndhing.
Balebang (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris balebang luk 7 nganggo kêmbang kacang lambe siji, sraweyan, sogokan tanpa grènèng.
2. zie tilamupih (2), 3. zie dhatu (23).
Blèng :
zie srandu kêbo sapi.
Balung :
1. zie srandu kêbo sapi. 2. Kw. aswi, asthika, tossan, tulang, saddhiha, saddhita, walêngka. 3. Balunging manungsa tinêmu 208 kang mawa gêtih 730 kang tanpa gêtih zie Tjent. Pangant.
Bolang :
ciri bolang, iya iku jaran bêlang ilate, watêke ala.
Balung jagung :
zie gêndhing.
Blongsong :
Blongsong iku lirune godhi, gêmblengan mas, salaka, utawa mamas, lugas utawa tatahan, zie landheyan (srandu).
Blênggu :
Blênggu iku blabag tipis kang dawane karo têngah kaki, digathukake miring ing têngah dibolong sasêdhênge ugêl-ugêl tangan, ing pinggir disindik ing kayu, kèhing bolongan loro, iku kanggo pirantine wong dêdosan kang kalêbok[41] utawa kawêtokake saka kunjaran, tangane karo pisan diblênggu,

--- 4 : 1872 ---

supaya ora isa mlayu.
Blanggrèng :
zie wit (kopi).
Bolang-bolang :
zie gêndhing.
Bapa :
1. Kw. ayahdi, rama, sudarma, yayah. 2. bapa biyung dèn uwuh arane (anak ngundang araning bapa biyunge) ora ilok.
Bèpêr :
Iku bangsaning têrwèlu dumunung ing tanah Eropah, pasaban sarta panggonane ana sapinggiring kali-kali, mangan iwak loh.
Bupati :
1. (W.H.) têgêse: bawahaning parentah, kuwajibane wênang marentah marang bawahe dhewe, utawa nampani parentah saka pêpatih, banjur kadhawuhake marang kalèrèhane kaliwon, panèwu mantri sapangisor, apadene seba Sênèn Kêmis lan tumindak tungguk pasaosane, tuwin kêna laku pêpara, utawa Pajang pasisiran, kaparingan lungguh bumi desa 5000 karya, utawa 1250 jung. 2. Bupati nayaka wolu, kaparak kiwa, kaparak têngên, gêdhong kiwa, gêdhong têngên, Bumi, Sèwu, Panumping, Gêdhe. 3. zie nayaka.
Bapiyan :
Iku bangsaning kêthèk, pasabane ing alas tanah Indhu ngarêp, mangan wowohan.
Bapang (padhalangan) :
Ing padhalangan nêmbungake: wayang bapang, iku kang kaya Burisrawa, Dursasana, Pragota, Saksadewa sapêpadhane, sanadyan iku padha kalêbu wayang panthêlêngan, utawa kagolong dugangan, iya ingaran mêngkono.
Bopong :
1. zie wulu. 2. Wangsalan Tjent. kang pinanggul.
Bidho :
Duk sakakap (blirik) jagawuru (putih) basu (irêng).
Bodhèh :
pangulu kyai ... zie P.N. no. 37.
Badhèr :
wangsalan Tjent. ingkang janma akêkampuh = anggêdhèdhèr.

--- 4 : 1873 ---

Badhak :
zie kêbut.
Bêdhat :
zie gêndhing.
Bêdhati :
zie gêndhing.
Bêdhil :
1. zie upacara letl. f. 2. Wiwite ana bêdhil, saka anggite sarjana Cina nalika taun 950 D.K. 1907 no. 90. 3. Kw. sanjata, saragni, warahas, mrêtyu, kala, bahnija, bramastra, brajangkaya.
Budhul :
Sungu mênjangan kang lagi thikil isih kêbungkus, dikêthok banjur dicucup, gêtihing budhul dadi usada kuwat, utawa kêna dimorake ing ciyu bumbon, uga minăngka usada kuwat.
Badhudhak :
= jogèd.
Bêdhudhug :
zie srandu kêbo sapi.
Badhaya :
zie gêndhing.
2. zie srimpi.
3. Anane badhaya saka Sang Hyang Endra kang kinarsakake dadi widadari pêpitu: a. Dèwi Supraba, b. Dèwi Wilotama, c. Dèwi Rasiki,[42] d. Dèwi Surendra, e. Dèwi Gagarmayang, f. Dèwi Irim-irim, g. Dèwi Tunjungbiru. Padha ingandikakake langêntaya (ngigêl sarta angubêngi sagarayasa) bêksa jajar-jajar binawanan ing kêkidung, sinangkalan: warna angobahakên netra (264)[43] P.R. I. 245-6. v.o.
4. Wiwite para ratu yasa badhaya nulad ing kaendran, jumênênge Prabu Basukèsthi ing Wiratha, sinangkalan: barakan angrasa tata (560)[44] P.R. IV. 89-2 v.o. Anane badhaya srimpi garwa putra wayahing ratu wiwit dhèk jaman Jênggala nalika taun 1127 zie Kartapati letl. c.
Badhong :
zie kambil karajan no. 23.
Badhong (wisaya iwak) :
Patraping pamasange kayadene bêngkêng, mung kacèk badhong ing jêro ora didokoki ram, bêngkêng: nganggo, amarga badhong wis nganggo ijêp-ijêp.
Bidhang :
zie endhang.
Budhêng-budhêng :
zie endhang.
Bèji :
zie abdi dalêm Kalathèn letl. f.
Bèji :
Pancadan prau kayu jati = katir: pancadan prau pring.
Bajra :
gong kyai ... zie monggang letl. a.
Bujaka :
Brahmana Dhang Hyang ... zie P.N. no. 9.
Bajing Kw. :
iturita, niyuninda, ramaja, karmanyu, wasukta, maniyu, manyunya manyu.

--- 4 : 1874 ---

Bujangtawang :
zie gend.
Bujăngga :
zie gend.
Bujangganom :
zie gend.
Bujăngga Gandrung :
zie gend.
Baya Kw. :
krete, wuhaya, wilwaya, wayura, wayama, buhaya of buwaya, bajul, thèngèl.

--- 4 : 1875 ---

Bayi :
1. Saka pangandikane Dèwi Sri marang Nikèn Sangki somahe Kyai Wrigu, nalika nglairake bayi titise Dèwi Tisnawati. He: Sangki sarta Wrigu, supaya widadaning anakira luput saka pangrêncananing sarap sawan, saratana kaya ing ngisor iki: a. Ing lawang-lawang kang mênyang ing jaba, kiwa têngêne kadokokan godhong girang, godhong widara lan godhong nanas kalonthengan ênjêt lan angus (pindha sarpa wêlang). b. Ing lawang ngarêp kadokokan padhiyan, kaobongan wêlirang lan kuliting brambang. c. Sajroning omah kaoboran balarak ping têlu sawêngi. d. Saubênging omah kakênthêngan lawe wênang. e. Pagêring omah kasêmburan dringo bawang lan bêngle. f. Ing daganing bayi kasajenan sêga kuning (= punar) iwake ati lan êndhog, sêga irêng iwake loh sarta sêga abang lawuhane kêkuluban, kabèh mau katumpangan gantal, pinasangan pangilon, kasandhingan kêlud lan sapu gêrang, muwah papon, pinasangan damar ora kêna mati. g. Yèn pupak pusêr kaêlekan sawêngi natas, pinangku ing wong tuwane ganti-ganti. Ing paturone kasalinan gandhik binusanan pinindha bayi, cinorèk ing ênjêt rupa manungsa, kalambaran godhong senthe, tinulis ing ênjêt rinajah ingistha wong-wongan, sarta ngobong mêrang winoran walirang lan uyah. h. Sawêngi ora kêna matèni kutu-kutu walang ataga, awit iku têtawure Hyang Mahèswara, Sang Kala Guthaka ratuning wisa manuksma ing gêgrêmêtan, yèn pinatèn: niscaya kang sarap sawan bisa tumanduk P.R. III. 121-3 enz.
2. Bayi ora kêpenak, sumêr-sumêr utawa panas, dèn didilati[45] êmbun-êmbunane, nuli pusêre, nuli tangan lan dalamakane karo pisan, wiwit saka kiwa padha kaping têlu sêmbari wuda P.R. III. 134-5 v.o.

--- 4 : 1876 ---

3. Petungane bayi lair 9 sasi punjul 10 dina utawa 240 dina bênêr Tjent. Pangant.
Bayu :
1. Kw. krete, wuhaha, wilwaya, wayura, wayama, buhaya of buwaya, bajul, thèngèl. 2. zie angin.
Byok :
Ngabani prau sajrone lumaku ngajak lèrèn sadhela muni: byok.
Boyok :
zie srandu kêbo sapi.
Baya kêpranggul :
Ciri baya kêpranggul, unyêng-unyêngan jaran ana sangisoring cithak jèjèr loro ngisor dhuwur, watêke ala, sing ngingu kêrêp kasusahan.
Bayat :
zie abdi dalêm Kalathèn letl. b.
Buyut :
pujăngga kyai ... zie P.N. no. 41.
Buyut :
2. (W.H.) têgêse: buyut of bêbuyut = têtuwa, iya iku kang dadi kamituwane wong padesan, lungguhe padha karo pêpancèning panèkêt.
Bèyès :
wangsalan Tjent. netra pucat isin.

--- 4 : 1877 ---

Bayalali :
kutha ...
Kutha dist.: Banyudana ond. dist, Sawit ond. dist, Têras ond. dist, Musuk ond. dist, Majasanga ond. dist, Singasari ond. dist.
Karanggêdhe dist.: Ngandong ond. dist, Klega ond. dist.
Ngampèl dist.: Cêpaga ond. dist, Sêla ond. dist.
Sima dist.: Sambi ond. dist, Tari ond. dist.
Juwangi dist.: Repaking ond. dist, Kêmusu ond. dist, Grogol ond. dist.

--- 4 : 1878 ---

Bayalali :
Wadana pamajêgan ing ...
1. Mas Tumênggung Singabrata, ngalih nama Radèn Tumênggung Singaranu I. sumare ing astana Bèji, gêlêngan desa Pakalongan, lor kulon kutha Bayalali. 2. Radèn Tumênggung Singaranu II. sumare id. 3. Radèn Tumênggung Dipadirja, kakulawisudha dadi Bupati Pulisi Kartasura nama lêstari sarta banjur kakulawisudha manèh dadi Bupati Sèwu nama Radèn Tumênggung Jayanagara, sumare ing astana Krecekan (Kartasura).
4. Radèn Tumênggung Ranadirja I, 5. Radèn Tumênggung Ranadirja II, 6. Radèn Tumênggung Singadirja ... padha sumare ing astana Kêbonso kidul Bayalali.
7. Radèn Mas Tumênggung Yudanagara, mingsêr dadi Bupati Gladhag. 8. Radèn Mas Arya Căndranagara mantu dalêm P.B. IX. mingsêr dados Bupati Ngimagiri. 9. Radèn Mas Tumênggung Suranagara mantu dalêm P.B. IX. maune Radèn Mas Arya Danuningrat, putrane Radèn Tumênggung Arjadipura bupati gêdhong têngên pènsiyun.

--- 4 : 1879 ---

Bayalali :
wadana pulisi ...
1. Radèn Tumênggung Sutanagara, sumare Kartasura (kamar obat). 2. Radèn Tumênggung Suradipraja, sumare Manang (Kartasura). 3. Radèn Tumênggung Dipadirja mingsêr dadi Bupati Pulisi Kartasura, banjur munggah dadi Bupati Sèwu nama Radèn Tumênggung Jayanagara, sumare Krecekan (Kartasura). 4. Radèn Tumênggung Prawiradirja, sumare Jabung (Kartasura). 5. Radèn Tumênggung Dirjakusuma, kaganjar salin asma sarta sasêbutan: Radèn Mas Tumênggung Prawiranagara, sumare Kajoran. 6. Radèn Tumênggung Prawiranagara, maune kaliwon pulisi ing Klathèn, Radèn Ngabèi Citrawadana. 7. Radèn Tumênggung Puspanagara, maune kaliwon pulisi Bayalali, R.Ng. Martawadana, nyêntèg 1847 = 1917.

--- 4 : 1880 ---

Bayêmtur :
zie gend. 2. Wangsalan Tjent. wus mari brangti = ayêm.
Biyung Kw. :
umi, êmbok, ibu, rena, wibi, dharani, mak, bibi.
Beyongan (iwak kali) :
wangsalan Tjent. èstri tawan = boyongan.
Bam Kw. :
sudyanta, wahma, wahmita, bahêm.
Bima :
1. wandane lintang, lindhu panon, mimis, gurnat. 2. (katuranggan) jaran wêton Bima mèmpêr kaya jaran wêton Rote.

--- 4 : 1881 ---

Bumi :
Surakarta. 1. Cacahe kagungan dalêm bumi Pajang Sukawati, kajaba bumi kang kaparingake dadi lênggahe Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kaya ing ngisor iki: a. Tanah Pajang: Kabupatèn pulisi nagara 1141-7/8 jung. Kabupatèn pulisi Klathèn 5772-137/240 jung. Kabupatèn pulisi Bayalali 767-9/16 jung. Kabupatèn pulisi Ngampèl 421 5/8 jung. Gunggung 10,083-43/60 jung.
b. Tanah Sukawati: Kabupatèn pulisi Sragèn 1045-11/24 jung. Kabupatèn pulisi Sukaharja 934-5/8 jung. Gunggung 1980-1/12 jung.
Letl. a. gunggung 10,083-43/60 jung. Letl. b. gunggung 1980-1/12 jung. Gunggung kumpul 11,083-43/60 jung.

--- 4 : 1882 ---

Bumi, bupati :
Ing ngisor iki asmane para bupati bumi.
a. Kyai Tumênggung Mangkuyuda I. munggah dadi pêpatih nama Radèn Adipati Sindurêja, sumare ing desa Pringapus, dhistrik Parakan, Kêdhu (Têmanggung). b. Radèn Tumênggung Mangkuyuda II.[46] c. Radèn Tumênggung Sujanapura, kaundur ora têrang sumarene.
d. Kyai Tumênggung Mangkuyuda III, e. Radèn Tumênggung Mangkuyuda IV ngalih nama Radèn Tumênggung Yudanagara, f. Radèn Tumênggung Mangkuyuda V, g. Radèn Tumênggung Mangkuyuda VI ... sumare desa Klêgèn Polan (Klathèn).
h. Radèn Mas Tumênggung Purwanagara, kaingsêr dadi bupati kaparak têngên, nama Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, munggah dadi pêpatih nama Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV. i. Radèn Tumênggung Tăndhanagara sumare desa Klêgèn id. j. Radèn Mas Arya Tăndhanagara, sumare desa Driyan. k. Radèn Tumênggung Jayanagara mantu dalêm P.B. X (kaingsêr dadi bupati gêdhong kiwa, kagêntenan). l. Radèn Mas Arya Yudanagara mantu dalêm P.B. IX. seda sumare Nglawiyan 1850. m. Radèn Tumênggung Bujanagara (Bupati Gladhag).

--- 4 : 1883 ---

Bumi Kw. :
andha buwana, arcapada, narapada, kisma, trimanjala, tribuwana, pratiwi, pratala, pratyana, janaloka, mandhala, madyapada, buhwana, buntala, buwana, buwananda, bumi paddha, bumi mandha, bumi mandhala, ngandha bumi, zie lêmah.
Bumi 3 (waduaji) :
kang aran: bumi, iku bumi tanah Kêdhu kang kulon, kabubuhan nyăngga bêkakas, utawa piranti kaya ta: lumpang lêsung, godhong kayu, ancak, sapit, sujèn sapanunggalane, zie Bumija.
Bumi :
zie abdi dalêm Bumi.
Boma :
wandane Boma gusèn: Boma alus utawa panthêlêngan.
Buminata :
1. zie rahu. 2. zie rangu. 3. zie tawonan. 4. zie slênthêm gantung. 5. zie plangkan rêbab. 6. zie jamangan. 7. zie Img. no. 51 en 126.
Bima cawêt :
Ciri Bima cawêt, pudhaking (unyêng-unyêngan) ing jaran cupêt sasisih, watêke bêcik, atine butarêpan = prayitna.

--- 4 : 1884 ---

Bima rangsang (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris Bima rangsang luk 25 kêmbang kacang, jenggot, lambe[47] loro, sogokan, tikêl alis.
Bima kurda (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris Bima kurda luk 13 jenggot sungsun, sraweyan, sogokan, ri pandhan sungsun. 2. zie Pandhawa (kêris). 3. zie gêndhing.
Bumipala :
zie ratu.
Bumija :
(W.H.) kang aran: Bumija iku bumi tanah Kêdhu kang wetan, kabubuhan nyăngga bêkakas, utawa piranti, kaya ta: lumpang lêsung, godhong kayu, ancak, sapit, sujèn sapanunggalane zie bumi.
Bambang wandane padhasih sarta miling :
Wiwite ana sasêbutan Bambang saka R. Dhukuttoya, kadhawuhan Sang Hyang Endra suwita marang Prabu Bramasatapa ing Gilingwêsi, andikakake ngaku bocah saka ing gunung aran Bambang Parikênan.
Bambang wetan :
= bang-bang wetan.
Bumbung wongwang :
ora kêna ginawe dandanan.
Bage :
zie para.
Bago :
zie wit (so of mlinjo).
Bagadênta ing tawang :
Ciri bagadênta ing tawang, unyêng-unyêngan jaran ana sangisoring kuping, sadhuwuring tigasan, watêke bêcik, titihane Bathara Surya.
Bugis :
zie Dasamuka.
Bagusalus (mariyêm) :
zie Sêgarawana. Sinuhun Sultan Agung karsa yasa mariyêm, kang ingandikakake gawe Walănda saka ing Jakarta, nalika taun surya 1629 utawa taun căndra 1567. Barêng wis dadi kaparingan aran: Kyai Bagusalus.
Begal :
zie Dasamuka.
Bagêgêg :
zie rèh letl. k.
Bagong :
wandane têlu, gilut, gêmbor, rohi utawa ngrèngkèl.
Baba :
Tj.B. piranti.

--- 4 : 1885 ---

Babi :
Babi iku khewan kang jêmbêr dhewe, dhêmêne gulung ana ing balêthokan, sajroning kandhange nganti dadi leleran angêmbêl, sêsukêre awor dadi siji ora kêna binuwang, pakane kang baku, dhêdhak diwori cacahan krokot, utawa cêcukulan liyane, nanging pancèn rusuh bangêt, apa-apa doyan, yèn diumbar angrêrusakake tanduran, digangsiri kalawan congore, mubarang kang tinêmu, mêntah matêng iya doyan, babi kang ana ing alas arane: cèlèng, iku ama gêdhe, dadi mungsuhe wong tani, sarupaning tanduran kang tinêba ing cèlèng amêsthi rusak babar pisan, ora bisa ngukup wohe, mulane wong tani tansah prayitna sarta bangêt panjagane marang têtandurane, rinêksa rina wêngi.
Iwak babi jarene mirasa dhewe, êmpuk sarta anggajih ora ngêndhal, kayadene gajihe iwak loh, rasane ngungkuli sarupaning iwak kabèh, nanging wong agama Islam ngaramake ora kêna mangan iwak babi, mangkono uga iwak cèlèng, jarene iya enak bangêt, mèh padha karo iwak babi, mung kalah anggajih, băngsa Eropah padha mangan iwak babi, padatane mung sabên Minggu sapisan. Nanging băngsa Cina kang karêm dhewe sabên dina mangan iwak babi, para tuwan akèh kang dhêmên ambêbêdhag cèlèng, yèn olèh banjur didhèndhèng.
Bibi :
1. Tj.B. ibu, 2. Kw. adhuh, biyung, babo.
Bubu :
Tj.B rêrai.
Bebe :
niet.
Bobo :
niet.

--- 4 : 1886 ---

Babon :
zie srandu kêbo sapi.
Babonangrêm :
zie gêndhing.
Bubar :
bubaran nyutra zie gêndhing.
Bèbèr (padhalangan) purwa :
I. Radèn Jaka Sêsuruh ing Majapait, jumênêng nata ajêjuluk Prabu Bratana, karsa mangun wayang purwa, ginambar ing daluwang dadi sagulung, sarta pinulas warna-warna, yèn ginawe mayang ana ing kadhaton nganggo tinabuhan gamêlan salendro, sinangkalan: gunaning bujăngga nêmbah ing Dewa = 1283.[48]
II. Radèn Sungging Brajaangkara, putrane Prabu Brawijaya wêkasan ing Majapait, misuwur bisa anggambar, ingandikakake anggambar wayang purwa marang kang rama, ana ing daluwang Jawa dadi sagulung, ingaranan: wayang bèbèr, sakawit linakokake ing dhalang kanggo ngruwat wong kang kataman ing pangupadrawa ? (upadrawa = anggumatèni, anggulawênthah sarta ngrêngga) ila-ilaning Jawata, kaya ta wong ngrubuhake dandang, nugêlake gandhik utawa pipisan, bayi lair bungkus, bocah ontang-anting sapanunggalane, iku kudu karuwat kalawan wayang purwa, sarta kudu milih dhalang kang wignya amurwakala, iya iku kang bisa anggancarake lêlakoning para Jawata, sarta nganggo sêsaji kang pêpak, dupa, gănda wida, kêmbang sataman, katêlah tutug ing jaman saiki, wong kang nanggap wayang nganggo sajèn, sinangkalan: tanpa sirna gunaning atmaja = 1300.[49]

--- 4 : 1887 ---

Bèbèr :
Nalika dintên Saptu sontên wanci jam: 7 tanggal kaping: 29 wulan Rêjêp taun Be ăngka 1832, panjênêngan dalêm bandara kangjêng radèn adipati angarsakakên mariksani ringgit bèbèr dhalangipun nama Gunakarya gêgriya ing dhusun Wêdhi Rêdikidul, bawah dhistrik saha Kabupatèn Wanasari ing Ngayogyakarta.
Lampahanipun Dèwi Sêkartaji ngadêgakên sayêmbara sintên tiyangipun ingkang sagêd nguwot pênjalin kinêncang, dados jatukramanipun, rêringkêsaning cariyos ing ngandhap punika.
1. Jêjêr Prabu Lêmbu Amijaya ing Baya Kêdhiri, Patih Jêksanagara, ginêm badhe linurugan Kalanasewandana, patih kadhawuhan mangsulakên. 2. Madêg Kalanasewandana lampahipun sampun dumugi têpis wiringing kitha Baya Kêdhiri, dipun wangsulakên Radèn Gunungsari putranipun Patih Jêksanagara, dados prang, Klanasewandana kawon pêjah. 3. Madêg ing pasanggrahan Puspalila, Dèwi Kartaaji Căndrakirana, Dèwi Mindaka, ginêm ngajêng-ajêng bêkêlipun ing dhusun Sêminan nama Rêmêng Mangunjaya. Dhatêngipun Dhoyok Malangkrêsa, dinangu matur yèn dipun kèngkèn lurahipun Rêmêng Mangunjaya kadamêl wakil bêkêl, nanging Dèwi Căndrakirana botên karsa lajêng kadhawuhan wangsul nimbali Rêmêng Mangunjaya. 4. Madêg Rêmêng Mangunjaya, wontên dhusun Sêminan, kadhatêngan Bramanakăndha, rêbatan Dèwi Căndrakirana, Rêmêng Mangunjaya mondhong Dèwi Căndrakirana lajêng dipun bêsmi dhatêng Bramanakăndha, katungka dhatêngipun Malangkrêsa, nulungi Rêmêng Mangunjaya, prang, Bramanakăndha kawon pêjah lajêng dipun salatakên dening kaum. 5. Madêg Brajanata, Pringgakusuma, ginêm badhe sowan Prabu Lêmbuamijaya nagih jangji anggènipun sampun mangsulakên Kalanasewandana, nyuwun dhaup kalihan dèwi Căndrakirana. 6. Madêg Gunungsari, dhatêngipun Brajanata, Pringgakusuma, cariyos badhe sowan Prabu Lêmbuamijaya nagih jangji, Gunungsari botên mrayogèkakên malah kapurih wangsul.

--- 4 : 1888 ---

7. Ngadêg[50] Panji Asmarabangun inggih Rêmêng Mangunjaya, Dhoyok Malangkrêsa ginêm badhe sowan Dèwi Căndrakirana, dandan lajêng mangkat. 8. Ngadêg Gajah Garita, Bramanakăndha, Ratu Purwăngga, ginêm badhe ngadêgi sayêmbara dhatêng pasanggrahan Puspalila. 9. Ngadêg Panji Asmarabangun, badhe kêpanggih Dèwi Căndrakirana, Dèwi Ragil Kuning mothah ngajak mantuk dhatêng Jênggala botên kraos wontên Sêminan, Sang Hyang Narada rawuh dhawuh dhatêng Panji kadhawuhan nuruti Ragil Kuning, Panji lajêng mondhong Ragil Kuning dipun lela-lela lajêng sare. 10. Ngadêg ing pasayêmbaran, para ratu sèwu nagari, Panji, Gunungsari, Bramanakăndha, Ratu Purwăngga, Gajah Gurita, sadaya botên wontên sagêd nguwod panjalin kinêncang, namung Panji kalihan Gunungsari ingkang sagêd, sayêmbara kenging, Panji lajêng dhaup kalihan Dèwi Căndrakirana, Gunungsari dhaup kalihan Dèwi Ragil Kuning. 11. Madêg kadhaton, pondhongan lajêng bibar.
Patraping pandhalang: tanpa găngsa, dhalang wiwit bèbèr ringgit ingkang minăngka jêjêr, lajêng suluk.
Ngidul ngilèn ngidul ngilèn | bêgagan kêpering-pering | sumyak sumyak ungsume wong tunggu têtanduran | karang ama sulinge ăndra uninga | gage kêna kurang rong dina | gage kêna kurang rong dina | wong Baya Kêdhiri ||
Sakèndêling suluk lajêng carita, lajêng micantênakên ringgit punapa parlunipun ing ngriku, sasampunipun rampung ringgit kagulung, gantos bèbèr ingkang badhe kacariyosakên, makatên salajêngipun, pandhalangipun namung kalih têngah jam.
Mênggah ringgit bèbèr punika gambar ringgit gêdhog tumrap ing dlancang Panaraga mawi dipun sungging kadosdene ringgit cucal, kathahing gambar namung pitu utawi nêm gulung, wujuding gambar sagulung-gulungipun beda-beda manut punapa lêlampahanipun, [lêla ...]

--- 4 : 1889 ---

[... mpahanipun,] kados ta: ratu sinewaka, kêdhatonan, pêrangan, pondhongan, sapanunggilanipun.
Satunggiling gulungan panjangipun langkung saking sadhêpa, kiwa têngên mawi dipun sukani adêg-adêg kajêng gilig agêngipun sajênthik winastan: sligi, pirantos kangge gulung utawi tancêpaning pambèbèr bilih badhe dipun cariyosakên, wadhahipun kothak kajêng jati wêtahan dalah tutupipun, agêngipun sakilan, panjangipun kirang langkung sadhêpa, mawi suku iras, sasisihing kothak ingkang jawi kiwa têngên dipun sukani cêblokan pirantos kangge nancabakên ringgitipun, dados kothak wau ngiras kangge kêlir. Dene salêbêting kothak mawi singgêtan isi sela, sêkar konyoh cupu, panggenan wadhah ringgit mawi dipun lambari sinjang lurik abrit sampun luwas sangêt, ngandhap nginggiling gulungan mawi dipun sukani lar badhak, lajêng kaluruban sasisihing sinjang ingkang kangge lambaran wau.
Mênggah sajènipun nalika andhalang ing ngandhap punika: 1. Sêkul wuduk ulam lêmbaran. 2. Pisang agung suruh ayu. 3. Sêkar borèh kutug mênyan. 4. Tindhih arta 20 sèn.
Konjuk kaping 3 Nopèmbêr 1902, pun Wirapustaka
Ingkang nyêrati Suwita

--- 4 : 1890 ---

Sinuhun Ratu Tunggul ing Giri, yasa wayang bèbèr gêdhog, dadi têtanggapane wong cilik sajroning nagara tuwin ing desa, tabuhane mung rêbab, trêbang, kêndhang tuwin angklung, nganggo kêprak lan cêmpala, lumrah ingaran wayang bèbèr gêdhog, tabuhane ingaran: kathiprak, nalika taun 1485.
Wayang bèbèr gêdhog, ing jaman saiki: 1832, isih ana, kang duwe wong ing desa Grogol, tanah Gunungkidul bawah Ngayogyakarta, mung kanggo pakaulan bae.
Babar layar :
zie gêndhing.
Babak :
Babakan. Ing ngisor iki araning wit-witan sawatara kang babakane ana gawene, kaya ta: babakan Cêrme, kagodhog kanggo ngêkum bubul, yèn diombe ngêndêmi, yèn kaduk bisa matèni. Cêrme lan oyod kelor kanggo mostêr sêlat. Tingi, kanggo nyoga jarit. Srikaya lan godhonge kanggo jamu bocah klangkèt ora bisa lêmu. Soga kanggo nyoga jarit Pace (= kudhu) kanggo ngêthèl jarit. Pucung (= kaluwak) pinipis kanggo parêm. Pule, kanggo jamu ngêndhakake cacing. Pijêtan, kanggo jamu wong ngising gêtih umbêl.[51]

--- 4 : 1891 ---

Bèbèk :
Bèbèk iku bangsane manuk banyu, gulune dawa, nanging ora bisa mabur, cucuke têmpak diarani: cocor, sikile cêndhak, antaraning darijine ana kulite tipis andadèkake gathuking dariji mau, mulane baud nglangi bangêt, awit sikile kang minăngka wêlah, wis prasasat iwak ana sajroning banyu, dhêmênane saba ing banyu, golèk mangsan kroco utawa keyong, apadene yuyu, banjur diuntal bae, suprandene kroco lan keyong mau bisa ajur dadi têlèk dalasan omahe kang apindha kijing, awit bèbèk iku duwe pangrêmêkan, linuwih pêpadhaning khewan.
Bèbèk iku drêmba bangêt, pakanane dhêdhak, tuwin jagung lan pari sathithik, utawa sêga, diulêd karo banyu, yèn durung dipakani tansah muni bae, wèk, wèk, nganti ambrêbêgi kuping, bèbèk iku esuk sore diêngon marang sawah sanadyan akèh pakane lan akèh pagaweane wong desa padha dhêmên ngingu bèbèk, kang dipurih êndhoge, sabên dina ora tau towong ngêndhog, nganti sasèn-sasèn, tarkadhang nganti sataun muput, mung lêt sadina rong dina bae, samono iku yèn kopèn pangane, bèbèk iku ora bisa ngêngrêmi êndhoge, saka ora bêtah

--- 4 : 1892 ---

ngêlèh, yèn wong arêp nêtêsake dislibukake ing babon angrêm, yèn nêtês dimong ing babon, nanging ora suwe banjur pisah dhewe, bèbèk iku padha anjilma marang kancane dhewe awor karo bèbèk liyane nganti puluhan, samăngsa digiring iya banjur misah dhewe-dhewe nunggal kancane mau, nanging ora bisa omah, saupama ora digiring sanadyan nganti wêngi iya ora mulih, wis kanyatakake bèbèk iku ora duwe rêmpêlu, apa saka iku ênggone ora bisa mulih mênyang kandhange yèn ora digiring, bèbèk lanang iku kuwat bangêt, bèbèk lanang siji bisa ngêcaki bèbèk wadon salawe, yèn cumbana dhêmênane ana ing banyu, yèn ngêndhog ing wayah bêngi ana ing kandhange gumluntung ing lêmah, ora nganggo patarangan, ing wayah esuk kang duwe anjupuki êndhog pating glundhung kalawan bungahing ati, yèn cacahing êndhog kurang saka sabêne, amêsthi ana kang durung ngêndhog, iku sok ngêndhog ing wayah awan ana ing pangonan sawah, diarani: ngênthit, kang angon ngawasake bae, yèn wis mêtu banjur dijupuk.
Ing desa Gawok (Kartasura) saurute, akèh wong desa kang anggaota ngingu bèbèk nganti atusan, [atusa ...]

--- 4 : 1893 ---

[... n,] nanging ora kêconggah nyêmbadani pakane kang nganti warêg, mung dipakani sathithik, akale bèbèk iku diêngon bae rina wêngi ana ing sawah lêbaran panèn, kang duwe lanang wadon nunggu ana ing galêngan, sangu paturon lincak lan kalasa bantal, tuwin payung kajang, esuke anjupuki êndhog didol mênyang pasar, ginawe tuku butuh, turahe dicèlèngi, ênggone angon bèbèk ora mung ana sacêdhaking omahe bae, mlantrah mênyang liya panggonan, ing ngêndi ana lêbaran panèn, nganti têkan tanah Sokawati, sarta nganti pirang-pirang sasi lagi mulih, rêgane êndhog bèbèk siji têlung dhuwit, yèn murah saprapat, iba yèn bèbèke rongatus bisa ngêndhog kabèh, sanadyan mung bisa ngêndhog satus, iya wis akèh kauntungane, nanging liyane wong tanah Gawok, arang kang kaconggah nglakoni pagawean mêngkono, iwak bèbèk iku rada alot, yèn tinimbang karo iwak pitik, sarta rada apêk, kang sayoga mung diopor, anak bèbèk aran mêri, yèn wis rada gêdhe karan bayah.

--- 4 : 1894 ---

Babak[52] :
Jarak cina, kanggo tămba untu lara winor kinang. Jêruk pêcêl, dalah oyod, godhong, kêmbang, pêntil lan wohe, ingaran: jêruk sawit, pinipis kanggo borèhe wong lara panas tis. Mundhu sagodhonge, winor lan babakan pêlêm tuwin têgêrang, kanggo anggadhung jarit dadi rupa ijo. Mulwa, kagodhog kanggo ngêkum bêlak.
Bèbèk :
1. Kaananing bèbèk.
a. Bèbèk alasan ing tanah Eropah lor.
b. c ... Bèbèk alasan lanang wadon, dumunung ing tanah Nurwègêm, ora kêna diingu ing wong, sarta iwake ora enak.
d. Bèbèk laut, ing tanah Eropah lor, pasabane slulup ing sagara anjêndhêl, ngupaya iwak. e. Bèbèk gêdhe, dumunung sacêdhaking Pullor, pasabane ana ing sagara anjêndhêl.
2. Kw. cakrita, cakrama, kandhana, kambangan, duwaba, lusi buja.
Babat :
zie gend.
Bubut :
zie abdi dalêm pambubut.
Bobat :
1. zie srandu katuranggan, 2. zie srandu kêbo sapi.
Babat Kêncêng :
zie gend.
Bibis :
abibis, 1. zie sor, 2. wangsalan Tjent. pamiwiring kapuk.
Bobos :
zie srandu katuranggan.
Babal :
zie wit (năngka).
Bêbayan :
Ciri bêbayan, unyêng-unyêngan jaran ana sikil buri cakêt wadidang sadhuwuring jêjali, watêke ala.
Bathara :
Wiwite ana sasêbutan: bathara, saka Sang Hyang Manikmaya (Bathara Guru) nganggo sasêbutan mau P.J. 45-1.

--- 4 : 1895 ---

Bathik :
Araning bathikan sawatara ing sabisa-bisa pinilihan araning bathikan kuna, kaya ing ngisor iki: Unthuk banyu cêplokan latar putih. Orang-aring: garis miring. Udanriris (canggahing ratu kêna nganggo). Ayam pugêr: alas-alasan latar putih. Ima-ima ranu: sêmèn latar putih. Nagasari: cêplokan latar irêng. Nagasari sruni, lung-lungan latar irêng. Căndra, sêmèn latar irêng. Cindhe wilis, cêplokan latar irêng. Canthèl, sêmèn latar irêng. Cakar ayam, cêplokan latar irêng. Cakar rêngganis, cêplokan latar irêng. Cakrakusuma, cêplokan latar irêng. Cuwiri, sêmèn latar irêng. Cêpaka mulya, cêplokan latar putih. Cêplok sinapit, cêplokan latar putih. Cêplok piring, cêplokan latar putih. Cêplok manggis, cêplokan latar putih. Cangkring: sêmèn latar irêng. Rujak senthe, parang-parangan. Rèjèng: garis miring. Rama, sêmèn latar putih. Rêmêng, sêmèn latar irêng. Ri bandhil, lung-lungan latar irêng. Rêngga puspita, cêplokan latar irêng. Kahwa pêcah, cêplokan latar irêng. Kinanthi, cêplokan latar irêng. Koci, cêplokan latar irêng. Krênis, sêmèn latar irêng. Krambil sacukil, cêplokan latar irêng. Kidang kêncana, garis miring. Kusniya malebari, cêplokan latar irêng. Kawung cakrakusuma, cêplokan latar irêng. Kawung kêmplang, cêplokan latar irêng. Kawung sari, cêplokan latar irêng. Kawung picis, cêplokan latar irêng. Kawung bratayuda, cêplokan latar irêng. Klanthe: sêmèn latar irêng. Kêpêtan: lung-lungan latar irêng. Kapidhondhong, lung-lungan latar irêng. Kêmana. Kêmbang asêm, lung-lungan latar irêng. Kêmbang asêm klawêr, lung- lungan latar putih. Kêmbang kênanga: cêplokan latar irêng. Kêmbang kênthang, cêplokan latar irêng. Kêmbang kapas, cêplokan latar irêng.

--- 4 : 1896 ---

Kêmbang dlima, lung-lungan latar irêng. Kêmbang latêng, cêplokan latar irêng. Kêmbang jarak, cêplokan latar putih. Kêmbang jêruk, cêplokan latar irêng. Kêmbang manggar, cêplokan latar putih. Dara gêlar, cêplokan latar irêng. Tunjung karoban, garis miring. Truntum, cêplokan latar irêng. Truntum kurung, cêplokan latar irêng. Trate, lung-lungan latar irêng. Trate kurung, lung-lungan latar irêng. Tritis, sêmèn latar irêng. Tapak kucing, cêplokan latar irêng. Tapak dara, cêplokan latar irêng. Tambal, cêplokan latar putih. Tambal kanoman, cêplokan latar putih. Tambal miring, cêplokan latar putih. Tambal baris kondur: latar irêng. Sridênta: cêplokan latar irêng. Sriwadari: cêplokan latar irêng. Sidaraja: sêmèn latar irêng. Sidaluhur: lung-lungan latar irêng. Sidamukti, lung-lungan latar putih. Satriyawibawa: cêplokan latar irêng. Sulaman, cêplokan latar irêng. Slobog, cêplokan latar irêng. Sapiturang, cêplokan latar irêng. Sêmèn gêdhe: latar putih. Sobrang: cêplokan latar irêng. Sănggalangit, lung-lungan latar putih. Wora-wari rumpuk, cêplokan latar irêng. Ladrang manis, cêplokan latar putih. Limaran, garis miring. Lung adas, lung-lungan latar putih. Lung kêstêlop, cêplokan latar irêng. Lung taman, lung-lungan latar putih. Lung srimpi, lung-lungan latar putih. Lung mawar, lung-lungan latar irêng. Pandêlêgan, cêplokan latar putih. Parikêsit, parang-parangan. Purbayasa: sêmèn latar irêng. Purbangkara, sêmèn latar putih. Parang canthèl, anggoning buyut dalêm. Parang riris, anggoning buyut dalêm. Parang rusak kalithik, anggoning buyut dalêm. Parang rusak kalithik rujak senthe, anggoning buyut dalêm. Parang rusak kagog rujak senthe, anggoning buyut dalêm. Parang rusak kagog barong, anggoning buyut dalêm. Parang rusak gêndrèh barong, anggoning buyut dalêm. Parang rusak barong, anggoning wayah dalêm. Parang krêsna, anggoning canggah dalêm. Parang kusuma, anggoning canggah dalêm. Parang kêmbang kahwa, anggoning canggah dalêm. Parang kêmbang, anggoning canggah dalêm. Parang sarpa, anggoning canggah dalêm.

--- 4 : 1897 ---

Parang wèsthi: anggoning canggah dalêm. Parang parung, anggoning canggah dalêm. Parang gănda, anggoning canggah dalêm Pakuningrat, cêplokan latar irêng. Pêksi anjali rêtna, cêplokan latar irêng. Pêksi rêngga puspita, cêplokan latar irêng. Pêksi krêsna, cêplokan latar putih. Pêksi kingkin, cêplokan latar putih. Pêksi srimpi, cêplokan latar putih. Pêksi limaran zie limaran. Puspa krêsna, garis miring. Pathawala: cêplokan latar putih. Pathawala pugêr, cêplokan latar putih. Popongan, cêplokan latar irêng. Jendral nginum, cêplokan latar irêng. Jlêngut: sêmèn latar irêng. Jlêngut grudha, sêmèn latar irêng. Jayarêsmi: cêplokan latar irêng. Jayakirana, cêplokan latar irêng. Jayakusuma, cêplokan latar irêng. Jamblang, cêplokan latar putih. Jonggrong, cêplokan latar irêng. Mirong, sêmèn latar irêng. Mêrang bodhol, cêplokan latar putih. Madubrăngta, cêplokan latar putih. Modang, cêplokan latar irêng. Mlathi sari: cêplokan latar putih. Mlathi salangsang, cêplokan latar irêng. Mega mêndhung, garis miring. Gunawijaya, sêmèn latar irêng. Găndasuli (dhapur parang-parangan, nanging ora larangan). Gêndhagan, cêplokan latar irêng. Gendhong, sêmèn latar irêng. Gunungsari, cêplokan latar putih. Gringsing klungsu, cêplokan latar putih. Gringsing sămbalana, cêplokan latar putih. Gringsing wayang, cêplokan latar putih. Gringsing pêthawala, cêplokan latar putih. Gambir sakêthi, cêplokan latar putih. Ganggong rindi: cêplokan latar irêng. Ganggong kanyut, cêplokan latar irêng. Ganggong klanthe, cêplokan latar irêng. Ganggong kapundhung, cêplokan latar irêng. Ganggong sinapit, cêplokan latar irêng. Ganggong sinimping, cêplokan latar irêng. Ganggong yujana, cêplokan latar irêng. Banci kasut, cêplokan latar putih. Bendha sagada: lung-lungan latar irêng. Brênjilin, sêmèn latar irêng. Burbanagara. Burbakara. Burbayasa. Bolu rambat, cêplokan latar irêng. Ngrèni: sêmèn latar irêng.

--- 4 : 1898 ---

Bathuk Kw. :
istadha, canta, rattha, wahya, wanta, watriya, watthawa, larapan, paradinan, bahli, batawaka, thila.
Bathuk :
zie srandu ukiran.
Bathuk :
zie srandu kêbo sapi.
Bathukan :
zie kambil karajan no. 4.
Bathok :
zie wit (krambil).
Bêthok (iwak kali) :
wangsalan Tjent. kang balung kalapa = bathok.
Bêthêk :
bêthêkan zie sranduning prau.
Bêthok (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris bêthok: bênêr, tanpa prabot.
Bêthêm :
zie wit (kluwih).
Bang Kw. :
ambranang, abang.
Bêng :
niet.
Bing :
niet.
Bung :
niet.
Bèng :
niet.
Bong :
Abdi dalêm bong tunggal abdi dalêm suranata, pagaweane nêtaki bocah.
Bango :
Bango-bango nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, nanging ora bêtah ing adhêm, sabên măngsa bêdhidhing: alihan.
Bungah Kw. :
arsa, arse, arsaya, asana, astama, raras, raras rum, kaarsan, kaarsayan, kaastaman, saarsaja, sarsana, pragnyana, sukita, satarpaya, swarja, sumarsa, sêmbah, wijah, wijah-wijah, laharsa, lawên, langên, langgên, langgênan, paraita, pirêna, parisuka, pajintya, pamulanga, maharsa, maharsayani, girang of girang-girang, gambira, berag.
Bung ampèl (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak bung ampèl: bênêr, gilig, ri pandhan sungsun.
Bangun tulak :
zie gêndera.
Bangar :
zie srandu katuranggan.

--- 4 : 1899 ---

Bungur :
1. zie srandu kêbo sapi. 2. zie srandu jaran.
Bangke :
1. Ingêdusan. a. Landhaning mêrang kêtan, agama Sambo 23-10 v.o. b. Banyuning godhong dlima agama Brama 24-3. v.o. c. Banyuning lêri agama Endra 26-8. d. Banyuning kêmbang sataman, agama Wisnu 27-2 v.o. e. Banyu udan, agama Bayu 29-10. f. Banyuning godhong widara, agama Kala 31-2. zie P.R. II.
2. Kapêndhêm enz. a. Tinarang, agama Sambo 23-9 b. Kaobong, agama Brama 24-4 v.o. c. Kaluwêng (1), agama Endra 26-6. d. Kalarung, agama Wisnu 27-4 v.o. e. Kasetra, agama Bayu 29-7. f. Katarab (= kapakakake ing sato), agama Kala 30-1 v.o. zie P.R. II.

--- 4 : 1900 ---

Bênguk :
zie kara.
Bangkèk :
bangkekan zie srandu ukiran.
Bongkok :
zie wit (krambil).
Bungkus :
bocah mêtu bungkus dadi pangane Bathara Kala.
Bêngkowang :
zie wit (bêsusu). Bêngkowang iku rasane pait sarta ngêndêmi, panawane durung kasumurupan, nanging wong mêndêm mangan bêngkowang ora dadi ngapa, bisa mari dhewe. Bêngkowang iku wohing bêsusu kang dhuwur, bêsusu woh utawa klikaning bêngkowang: kang ngisor, pananduring bêngkowang mung disêbar bae tanpa diopèni, ing dalêm sangang sasi bisane andhudhuk bêsusu, wis gêdhe-gêdhe.
Bungkul :
1. zie srandu ukiran. 2. zie kêndhali. 3. zie kambil karajan no. 3, 25 en 31.
Bangkulit :
zie uwi.
Bangkong :
Wangsalan Tjent. kêtanggungan linggih = mêkongkong.
Bêngkêng :
Wisaya iwak ingaran: bêngkêng, ing jêro nganggo diisèni oyod-odan,[53] utawa cêcukulaning wit-witan cilik-cilik, kaya ta: pulutan, sidaguri lan liya-liyane, ingaran: ram, apadene diisèni pakan daging kêbo utawa sapi kang wis mambu, utamane kang amis-amis. Bêngkêng mau disilêpake ana ing kêdhung kang kinira akèh iwake, bongkoting bêngkêng kang cilik kacancang ing kênur sawatara dawane, diugêr karo pathok kang katancêbake [katancêba ...]

--- 4 : 1901 ---

[... ke]
sapinggiring kêdhung, bêngkêng yèn wis kacêmplungake ing kêdhung, sumèlèhing bêngkêng sadhasaring kêdhung amêsthi tiba mujur, yèn wis nginêp sawêngi: esuke kaêntas, sarana katarik saka kênuring bêngkêng mau, têkan ing dharatan dituntak[54] dalah rame, iwake katut, adat olèh-olèhane tagèh utawa mêrsi.
Băngsa :
Bedaning băngsa Indhu kaperang pitu, kaya ta: Brahmana: ulah agama. Waisya: ahli padhukunan. Satriya: ulah praja. Danuja: ulah kaprawiran. Danèswara: wong among dagang. Sudra: among tani. Raksasa: gêrma, tuwaburu of narawrêksa P.R. II. 30-9.
Bangas :
Bangas iku tibaning dina ala, sanadyan ing petung kabèh tinêmu bêcik, nanging yèn nuju bangas, iya dadi dina ala, yèn tinêrak ambilaèni, lakune wis kawatonake ing dalêm sêsasi sasine ping pindho, ana tibaning tanggale dhewe-dhewe, nanging sasi têtêlu tibaning bangase mung nyapisan, pratelane kaya ing ngisor iki: Sura 11. Sapar 20. Mulud 1 en 15. Rabingulakir 10 en 20. Jumadilawal 10 en 11. Jumadilakir 10 en 14. Rêjêp 13 en 27. Ruwah 4 en 28. Pasa 7 en 20. Sawal 10. Dulkangidah 2 en 22. Bêsar 6 en 20. Zie sasi (7).

--- 4 : 1902 ---

Bangsri :
1. zie Sel. no. 16. 2. zie abdi dalêm Sukaharja letl. b.
Bangsal :
zie abdi dalêm wadon no. 31.
Băngsapatra (têmbang gêdhe) :
laku 17 pêdhotan 4.6.7 x 2 = 34 x 2 = 68. kancuh Maesa Bayangan.
Voorb || mangarih a- | rih amriyêmbada | sugatanên pangungrum | tuwasana | praptane dasih ta | nyabrang robing ludira ||
anyêpahi | marang kaninira | dhuh prabuku wungua | têka dèn nêng- | ngakên ta kewala | Gusti tan[55] băngsapatra ||
Bangawan :
1. Bangawan Sala kasudhèt anjog ing Ganggang, jumênêng Dalêm P.B. III. sinangkalan: anrus bolong obahing bumi (1699) Jimakir.[56] 2. Araning banyu bangawan kang makewuhi lakuning prau, kaya ing ngisor iki: uwor,[57] ulih-ulihan, êpok, ubalan, srompodan, leregan, poncol, platar, bantar.
Bunglon Kw. :
kilasa, tanu, taruja, saputatha, bisawarna.
Bango dholog (kawruh êmpu) :
zie supana (2). Dhapuring kêris bangodholog luk 3 nganggo kêmbang kacang, lambe[58] loro, gêgêr papak satugêl.
Bangomati :
zie gend.
Bangbang-wetan :
zie gend.
Bango Thonthong :
Ana rupa têlu, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah, nanging ora bêtah ing adhêm, sabên măngsa bêdhidhing alihan.
Bêngang karsa :
Ciri bêngang karsa, wuluning jaran anglabang ana sadhuwuring mathi, watêke ala.

 


Dilanjutkan pada hal. 1847. (kembali)
Kelanjutan dari hal. 1859. (kembali)
Tanggal: pujaning brahmana guna (387). (kembali)
Tanggal: sirnaning pituture nabining jagad (1170). (kembali)
Tanggal: Jimakir: raga trusing netra (298). (kembali)
Tanggal: tataning barakaning janma (105). (kembali)
Tanggal: Ehe: wolu lang kêbo siji (AJ 1708). Tahun AJ 1708 jatuh antara tanggal Masehi: 17 Desember 1781 sampai dengan 6 Desember 1782. (kembali)
Tanggal: Wawu: rupa musna sunya căndra (1001). (kembali)
Tanggal: loro-loro tinata (522). (kembali)
10 Dilanjutkan pada hal. 1861. (kembali)
11 Kelanjutan dari hal. 1833. (kembali)
12 dhuwur. (kembali)
13 kalap. (kembali)
14 § Iki pralambang apa pasêmon, wêdhus ora duwe lêmungsir, banyak ora duwe dhadha mênthok, têka diolah ênoh. Apa kaya pasêmone R. Jakatingkir mêthot ilat baya aran Kyai Baurêksa ing Kêdhung Srêngenge, baya ora duwe ilat: pinêthot. (kembali)
15 sisih. (kembali)
16 Dilanjutkan pada hal. 1834. (kembali)
17 Kelanjutan dari hal. 1846. (kembali)
18 potlot. (kembali)
19 Tanggal: gone karsa yasa wayang (AJ 1556). Tahun AJ 1556 jatuh antara tanggal Masehi: 27 Juni 1634 sampai dengan 16 Juni 1635. (kembali)
20 sogokan. (kembali)
21 Kelanjutan dari hal. 1868. (kembali)
22 Tanggal: wong karo mumbul sing bumi (1021). (kembali)
23 mêrtyu. (kembali)
24 Blêdhèg. (kembali)
25 Kelanjutan dari hal. 1869. (kembali)
26 Tanggal: swara sirna kinarya (407). (kembali)
27 Dilanjutkan pada hal. 1867. (kembali)
28 Kelanjutan dari hal. 1867. (kembali)
29 ukuran. (kembali)
30 Dilanjutkan pada hal. 1868. (kembali)
31 Kelanjutan dari hal. 1865. (kembali)
32 Dilanjutkan pada hal. 1866. (kembali)
33 Kelanjutan dari hal. 1866. (kembali)
34 Dilanjutkan pada hal. 1864. (kembali)
35 Tanggal: sucining salira rasa tunggal (AJ 1684). Tahun AJ 1684 jatuh antara tanggal Masehi: 4 September 1758 sampai dengan 24 Agustus 1759. (kembali)
36 Tanggal: Ehe: rasaning guna murtèngrat (AJ 1836). Tahun AJ 1836 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Februari 1906 sampai dengan 14 Februari 1907. (kembali)
37 Tanggal: Alip: rupaning mantri swara tunggal (AJ 1731). Tahun AJ 1731 jatuh antara tanggal Masehi: 12 April 1804 sampai dengan 31 Maret 1805. (kembali)
38 Tanggal: Jimakir: anrus bolong obahing bumi (AJ 1699). Tahun AJ 1699 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Maret 1773 sampai dengan 13 Maret 1774. Tahun AJ 1699 adalah tahun Alip dan bukan Jimakir. Tahun Jimakir adalah AJ 1698 yang jatuh antara tanggal Masehi: 4 April 1772 sampai dengan 24 Maret 1773. (kembali)
39 Dilanjutkan pada hal. 1865. (kembali)
40 kampung. (kembali)
41 kalêbokake. (kembali)
42 Warsiki. (kembali)
43 Tanggal: warna angobahakên netra (264). (kembali)
44 Tanggal: barakan angrasa tata (560). (kembali)
45 dilati. (kembali)
46 § Layang palapurane Radèn Mas Arya Tăndhanagara, Bupati Bumi, katitimangsan ping 16 Bêsar Be 1832, ăngka 94, bupati letl. b. dudu Radèn Tumênggung Mangkuyuda, bênêre Radèn Riya Cakrawinata, banjur mingsêr dadi Bupati Panumping, sumare: ora têrang. (kembali)
47 lambe gajah. (kembali)
48 Tanggal: gunaning bujăngga nêmbah ing Dewa (1283). (kembali)
49 Tanggal: tanpa sirna gunaning atmaja (1300). (kembali)
50 Madêg (dan di tempat lain). (kembali)
51 Dilanjutkan pada hal. 1894. (kembali)
52 Kelanjutan dari entry babak, pada hal. 1890. (kembali)
53 oyod-oyodan. (kembali)
54 disuntak. (kembali)
55 ta. (kembali)
56 Tanggal: Jimakir: anrus bolong obahing bumi (AJ 1699). Tahun AJ 1699 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Maret 1773 sampai dengan 13 Maret 1774. Tahun AJ 1699 adalah tahun Alip dan bukan Jimakir. (kembali)
57 uwêr. (kembali)
58 lambe gajah. (kembali)