Burat Wangi, Padmasusastra, 1921, #68
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
BOERAT WANGI
Sêrat Burat Wangi
Kalêmpaking sêrat-sêrat karanganipun para agung sarta para sinatriya tuwin sanès-sanèsipun.
Kaêcap ingkang kaping 4.
Kawêdalakên sarta kaêsahan dening
Ki Padmasusastra
Tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta
[Grafik]
Kaêcap ing pangêcapanipun
N.V. Mij. t/v d/z: ALBERT RUSCHE & Co.
Soerakarta
1921
--- [0] ---
[...]
--- 1 ---
BOERAT WANGI
Èsmubrata, Radèn Mas Panji ... putranipun Kangjêng Pangeran Arya Natabrata I, putra dalêm P.B. V. dhatêng Radên Mas Panji Purbakusuma, putranipun Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara, mantu dalêm P.B. VIII.
1. Dhandhanggula
1. Krama sarkara winarnèng tulis | tur winantu salame rakanta | tumraptaa ring arine | Sang Danujwa wiranum | ingkang lagya pinanduk ing sih | kangjêng sri naranata | jinunjung kang lungguh | pinangkat kaptin ajudhan | krêtarta ring kabudayaning prajurit | ri mas Purbakusuma ||
2. wiyosing srat pun kaka dhuh ari | angirimkên patêmbayanira | duk nèng pura wicarane | limang kaca raka sung | katampana layang mênyanyi | yayi mas raka para | kumawawa tuhu | mrih suka pirênèng kadang | kudu-kudu ta kadung rèh mandardani | marma manadukara ||
3. saking dahat [da...]
--- 2 ---
[...hat] lamlamên mangèksi | anggitanira langên pratiwa | sumêngka anrang kaptine | wèh pamatuting têmbung | gêgolongan ran Janisari | mênawa bisa tumrap | bangêt suka sokur | dene lamun nora bisa | nora pisan rakanta cuwa ing ati | tarlèn minta aksama ||
4. grajanira tekang biyantoni | sinandia aywa kawistara | pun kaka uga ciptane | tan walèh mring lyanipun | itih kata ri Soma Manis | tri wlas Mukaram warsa | Alip ăngka sèwu | wolung atus lan sawêlas | sinangkalan satriyèku ngèsthi aji |[1] rakanta Èsmubrata ||
2. Kinanthi
1. kinanthi sambunging têmbung | nguni ana kang ngojahi | mring rakanta nanging kilap | bênêr datanapi sisip | raning prajurit pilihan | praja Turki Janisani ||
2. Prasman Sang Gardhê ranipun | jintêlmèn nagari Enggris | dene ta nagari Olan | Jagêr Marisose nami | kalamun ing nuswa Jawa | aran prajurit sinêlir ||
3. mungguh mênyanyi puniku | winir lan sêblud kêkasih | panglarase raka para | sumambung gêndhing ing wuri | katri langse nomêr lima | kang wus kanggo ika yayi ||
--- 3 ---
4. saripriswinir lan sèblud | sinambungan langse gêndhing | ing kono sêkirêmira | saprangkat mênyanyi malih | dadya kinarya sêlingan | sêkirêm lawan mênyanyi ||
5. lam-lamên kang sami dulu | nanging wus katêlah yayi | wirèng turki wastanira | marma yèn sambadèng kapti | pinatut pantêsing nama | wirèng wirajanisari ||
Natabrata II Kangjêng Pangeran Arya ..., putranipun Kangjêng Pangeran Arya Natabrata 1, putra dalêm P. B. V rêrêpèn gandrung asmara.
3. Dhandhanggula
1. lir puspita panjrahing ngarsa ji | ujwala kadya musthika rêtna | amunjuli sadayane | dhuh sang juwita luhung | mêmanise mêmanas ati | nênangi onênging tyas | mèh kantakèng dunung | anon sunaring wadana | tan kuwawa puwara mawèh wiyadi | bakyu putrane siwa ||
2. têmah adrêng kadêrêng ing budi | tanpa cipta mung minta sihira | mangarsa-arsa turune | paran wusanèng wuyung | gung kayungyun ing siyang ratri | laraping larasmara | rumakêt ing kalbu | bêbayang-yanging buwana | sang kusuma waranggana kasor dening | bakyu putrane siwa ||
3. sagung [sa...]
--- 4 ---
[...gung] rêsmi rêsmining rat sami | samya mara katrap sariranta | myang ruming sari wus dene | sotya kanaka kuwung | cahya teja kilat lan thathit | pathining arka wulan | kartika andaru | sarkaraning sêkar-sêkar | sungsun sêsêg mring sarira sang suputri | bakyu putrane siwa ||
4. yêkti luwih saisining bumi | ngulatana jawining akasa | tuwin jroning samodrane | baya ta datan antuk | lir kusuma kang pindha sasi | èstu tanpa timbangan | sajroning kadhatun | sinatmata karya brănta | yèn sun gagas satata amikatoni | bakyu putrane siwa ||
5. tuman têmên sangsaya kêpati | kadyangganing ciptaka[2] mrih warsa | ulun salami-lamine | tibaning kang tirta rum | sor martana waluya sami | sapa baya bengkasa | ing asmara gandrung | patra wisa: kêmadhuh puspa krêsna: tlasih | dhuh gustiku asiha marang ing dasih | bakyu putrane siwa ||
6. jinjang rawi: lingsir sêsajèng udadi: nglabuh | tan gumingsir praptèng rogantaka | anglabuhi sarirane | dèn lêbur kadi lêbu | barad wanda: ambêkan kang sarpa langking: dumung | mung ambêkta utama | kang
--- 5 ---
tumrap jiwèngsun | lumuntur datan antara | saking katrêm pangabdining dasih maring | bakyu putrane siwa ||
7. mimba wulung kalangan kuliling | mrih tumiling têlênging nalanta | tansah lêlêng lêlangone | lumalat mulêt luput | satriyadi ing Ngalabani: Maktal | tan bisa ngontalêna | gong sinamar sêmu | sotya rêkta: mirah raning rena: êmbok | bok inggiha inggih paduka mirahi | bakyu putrane siwa ||
8. tulus asih ring dasih kaswasih | kasangsaya dènnyanggung barănta | duk kala mula-mulane | mung kusumèng dyah ketung | datan ana liyane malih | sêtyanana tur amba | kalulun pukulun | pakaryaning dwijawara: muja | pêpujanku rêspati amêrak ati | bakyu putrane siwa ||
9. sêdya ngèstupada maring gusti | ngendraloka myang ing janaloka | manjanmaa ping saptane | aywa sah lawan ingsun | sumawana kawula gusti | tur jiwa mring kusuma | sumanggèng sang ayu | kawulane tan suwala | rukmi sweda: ali-ali lali datan bisa lali | bakyu putrane siwa ||
4. Kinanthi
1. kinanthi măngka panglipur | lara brănta waela di | supadi [supa...]
--- 6 ---
[...di] aywa kadawa | kataman sangsarèng ragi | lêhêng ngabêktia ring Hyang | mrih aksamanirèng Widhi ||
2. kadi priye têmahipun | mangkene rasaning ati | anggung wayang mawuyungan | ngiyêng wiyoga ngayêngi | bok ayu putrane siwa | sun lali-lali tan lali ||
3. malah sangsaya kadulu | mulêt têlênging pangaksi | tumanêm padoning netra | gumantung tuntunging ati | bok ayu putrane siwa | sun tan kuwawa nahêni ||
4. nandhang wiyoga gung gandrung | kangungrungan lir wong baring | mêsaki marang ragamba | suka lêbur awak mami | bok ayu putrane siwa | yèn tan asih marang dasih ||
5. waharaning[3] wandaningsun | tan tolih dhiri pribadi | janma dama nistha papa | pêksa ngrangsang kang jêkining | bok ayu putrane siwa | nora pêgat mikatoni ||
6. dhuh kusuma pêpujanku | dhèmês parigêl rêspati | sêmbada raga kêrana | ngêndi ana kang amirib | lir bakyu putrane siwa | nadyan isining swargadi ||
7. sang dyah sang dyah ring para rum | Ratih Uma Rarasati | Supraba Sri Wilutama | pantês-pantêse mung nyèngi | mring bakyu putrane siwa | wit asor tyas [tya...]
--- 7 ---
[...s] rêbut manis ||
8. manising lathi buh-êmbuh | mring sakojur nyarambahi | suwe-suwe ingsun sawang | kêkuwunge anêlahi | bok ayu putrane siwa | dhuh tingalana kang abdi ||
9. kataman ing asmarèng kung | atuting arda wiyadi | paran baya kanang yogya | tulung sih dasih kaswasih | bok ayu putrane siwa | tan lyan jêng paduka gusti ||
10. upamane mirah ingsun | nora sotah aningali | marang kang anggung wiyoga | baya ta banjur dalêming | bok ayu putrane siwa | layak datan kadi mami ||
11. lara gandrung ngundhung-undhung | bangun andika kaèksi | bêdhug dhêng gawang-gawangan | asar lir sumandhing linggih | bok ayu putrane siwa | mahrib katon ngujiwati ||
12. ngisa sangsaya kadulu | lingsir wêngi nuju guling | jro cakrabawa tan liya | panggih andika ta gusti | bok ayu putrane siwa | angsung gantèn saking lathi ||
13. ulun satangine turu | garagapan duk umèksi | sun gagapi ngèring nganan | ngasar wuri sêpi mamring | bok ayu putrane siwa | tak sêngguh prapta sayêkti ||
14. ingsun banjur lênguk-lênguk|
--- 8 ---
sidhakêp asta kêkalih | ngrasa nora bisa gêsang | tyas kambuh dahat mimbuhi | bok ayu putrane siwa | têmah waspaningsun mijil ||
5. Mijil
1. putêk kapêtêg saya ngranuhi | sasăngka umiyos | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | kawulanta kabyatan wiyadi | mentar ngentar branti | nèng latar pitêkur ||
2. kambuh raosing driyamba gusti | nahên asmarèng don | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | maruta ris lumaris mawèh tis | ngênês lir jinait | nir budayaningsun ||
3. tansah sabil ing kalbu pribadi | ruhara ring batos | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | nênggak waspa tumênga manginggil | lêlangêning langit | kathah kang kadulu ||
4. saputing tyas rikala mangèksi | basănta mancorong | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | lir warnane sang akarya branti | sêsambat mlasasih | mrawaya wahyèng luh ||
5. dhuh dhuh adhuh dhuh woding tyas mami | juwita kinaot | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | paran măngka mulyane gêng kingkin | ywa kêbanjur branti | abdinta pukulun ||
6. tan [ta...]
--- 9 ---
[...n] antara kang trênggana ngalih | gumêbyar cumlorot | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | ingsun sidhêp liringira gusti | dêduka mring dasih | kang kawêlasayun ||
7. dangu nèng latar manawung wingit | sasăngka wus ngayom | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | sang jêtung mudhar asta mandhiri | isthane lir kadi | mrih wangsuling tèngsu ||
8. sanalika lir prapta têtilik | tyasira sumêdhot | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | sinambrama ing kidung rêrêpi | punaparsa gusti | ngusadani gandrung ||
9. kang dinalih wayanganing dhiri | rikalane anon | dhuh jêng uwa bok ayu putrane | gêgêtun minta aksamèng Widhi | hyang rawi mèh mijil | wèh padhanging dunung ||
Sandi asma Atmawiraga, Radèn ...
6. Dhandhanggula
1. rasikaning sarkara mawêrdi | dènirarda mamrih kasamadan | atkaratama marmane | mangun budaya ayu | winahyakkên ing krama manis | raras angêning driya | gatining pangapus | kang angajap tarlèn mugya | katumusan ing laksitarja tumitih | pinggêt myang rênggêding [rêng...]
--- 10 ---
[...gêding] tyas ||
2. sakawasa sumusuping sidhi | kawajibaning para utama | wantala ing pakirtyane | pangapusing kang têmbung | datan măntra-măntra tumandhing | ing kidung kang angraras | nawung arum-arum | yasaning prakawis wara | nanging amung minăngka borèhing tulis | mêmengin mring pra mudha ||
Radèn Atmawiraga kang kaping sakawan Èsmubrata, Radèn Mas Panji ...
7. Pocung
1. dyan pinucung mastuti rèhing pitutur | èsthining wardaya | mumudhar wêdharing budi | bramintèng tyas taman kêndhat analăngsa = Dyan Mas Èsmubrata ||
2. èsthinipun mumudhar sruning margiyuh | bramintaning kata | têtalining danuja mrih | kotamaning putra sinawung pucungan = Èsmubrata ||
Rănggawarsita, Radên Ngabèi ...
Wirit
1784 rong naga mawarni sirata = Rănggawarsita namanira.
en = sêngkalan 1789
id rong naga warga sinuta = Rănggawarsita = en 1789
--- 11 ---
Jayèngtilam
8. Dhandhanggula
1. 1790 rarasing tyas sanityasa tistis | dèn ta mardi mardawaning basa | ngayowara puwarane | bela-bela ing kalbu | inokara tan wrin ing wèsthi | rongkab gatining gita | ganitanirantuk | wartani kang parotama | sinawung ing nirmala turăngga jati = 1790 |[4] talitining carita = Radên Ngabèi Rănggawarsita ||
Ajipamasa I
2. 1791 rarasing kang sarkara kaèsthi | dèn ta kêdah mêmardi wardaya | ngayowara puwarane | bela-bela ing kalbu | inukarta nis krêtèng gati | rongas rèhing ukara | gêgaranirantuk | warta wasitaning kuna | sinung têngran: janma trus kaswarèng bumi = 1791 |[5] talitining carita = Radèn Ngabèi Rănggawarsita ||
id II
3. 1792 rarasing kang sêkar sarkara mrih | dèn aksama dening sang sudyarsa | ngawikani wêngkuning rèh | berawèng para ratu | ilanga kang sasangkêr sarik | rongas wèsthining angga | gagating tyas antuk |
--- 12 ---
wartaning kang parotama | sinung têngran: nêmbah trus sukaning budi = 1792 |[6] talitining carita = Radèn Ngabèi Rănggawarsita ||
Wedharaga
9. Gambuh
1. 1799 trusan rong: saptèng lêbu = 1799 | ki pujăngga: panggupitanipun | tawi tawar: ing surasa tanpa manis | marma kongsi: karya pemut | mung mèt marta: karahayon = Rănggawarsita ||
Cêmporèt
10. Dhandhanggula
1. songsong gora: candra = 1799 ning artati |[7] lir winidyan sarasèng parasdya | ringa-ringa pangriptane | tan darbe labdèng kawruh | angruruhi wênganing budi | kang wirong[8] ruharèng tyas | jaga angkara gung | minta luwaring duhkita | aywa kongsi kewran lukitèng kintèki | kang kata ginupita = Radyan Ngabèi Rănggawarsita ||
Kutuk
11. Gambuh
1. tyas mirong murwèng gambuh | yayah roga tanposada tuhu | tangèh luwar saking maskating panyakit | malah kongsi sarwa kusut | kasatmata [kasatma...]
--- 13 ---
[...ta] dadining don = Rănggawarsita||
Kalatidha
12. Sinom
1. sagêda sabar santosa | mati sajroning ngaurip | kalis ing rèh aruara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng malatsih | sanityasèng tyas mêmasuh | badharing sapudhêndha | antuk mayar sawatawis | borong angga suwarga mèsi martaya = Rănggawarsita ||
Iman Supingi
Rongkot rungkuding badan, garap gangsuling badan, warni awon, sipat kuciwa, taliti sudra = Rănggawarsita.
Kusumaningrat, Radèn Mas Panji ... M.N.
13. Dhandhanggula
1. rah-arahên gonira dumadi | dèn narima pandumirèng Suksma | masguling tyas tanpa gawe | panjingêna ing laku | jinurunging iman kang suci | kumambang ing wisesa | sukura ing kalbu | manawa têmbe kêtrima | ninging cipta kadi luhur ta duk lagi | ngrat Jawa pinurwèng prang = Radèn Mas Panji Kusumaningrat ||
Tăndhakusuma, Radèn MAs Arya ... M.N.
--- 14 ---
14. Sinom
1. rarasing rèh roning kamal | dènirarda mamrih dadi | maskating kanang carita | arsayaa kang umèksi | yayah anon dyah adi | tontonên tan kêna limut | dhadhal tyas lir sinêndhal | kumala rêtnaning bumi | susilambêk manis amêmanas manah = Radèn Mas Arya Tăndhakusuma ||
Suraprabawa Mas Ngabèi ...
15. Dhandhanggula
1. puntoning tyas sênêng sabda manis | awit Gusti kang murah ing dunya | ngapura sih ngakerate | berat rêncana luput | ilang kabèh kang makewuhi | sukêring driya sirna | ragaku wèt emut | pramana wirya martana | bagya guna kadugèn ingkang kinapti | waluya wor nirwana = pun Angabèi Suraprabawa. zie Dj. K. 1898 no. 53 ||
Sasraningrat, Kangjèng Pangeran Arya ... zie Wedhamadya
2. rarasing kang sêkar sarkara mrih | dènirarda mamrih sinêmbadan | pantaraning rèh sakèhe | jinodho mrih pakantuk | saanane wiyata jati | srananing pangawikan | wijiling cipta nung | jagad traya kaèbêkan | yayah kadi angganing bramara [bra...]
--- 15 ---
[...mara] ngrêngih | ing maduning kusuma ||
3. ngawikani dhawahing wêwadi | yogya tama taman tumuwuha | gya ugêrên rambatane | karsa sêrêng sinêrung | tatalining kawula gusti | ing ari kailangan | kang kinêkêr amung | mapating turida brata | ngingirangi ruwêt pandoming dumadi | kêtir-kêtir katrêsan ||
4. giyuhing tyas sêsêg saya rujit | katayuhe tumibèng bêbaya | sambekalane kêlalèn | pundi margane ayu | kayuwanan tindak utami | êmar êmoring ama | sah saking sêsiku | anglirwakkên parikrama | kêni sambang rapêt nir wiweka wêrit | dhadhakan warna-warna ||
5. tênggêl-tumênggêl gigal amrêgil | pêpalange gung kapêlak-pêlak | rame ruhara arèngèh | parusa sêsêg purun | rawat hawa hawa wana ngling | menggal dadi dêdalan | kadadyaning dudu | wikan wusing kalampahan | kang kadyèku upadinên dèn kapanggih | jênggan lamun tan wikan ||
6. pangèsthine arahên dèn ririh | ngeman-eman manah manuhara | ran kuring rat saindênge | sayuk sadaya suyut | srayaning rèh măngka [măng...]
--- 16 ---
[...ka] pangarih| ninging cipta utama | ngrat Jawa kawêngku | kadi duk ing jaman kuna | lih-olihan Panêmbahan Senapati | kinondhang-kondhang ing rat ||
7. padmasana kênèng saking aris | maharaja jêng sultan ing Pajang | supêg rupêg panggalihe | sasmitaning Hyang Agung | trajunira para bupati | tiniti tanpa tatal | gagah tanpa tangguh | rarêmpon mung sapanginang | dèn gêgila giras anggêrus kang baris | ponthal-ponthal kabandhang ||
8. cacad agêng jênênging narpati | krêtarta tama duk timurira | tarpa tilas toging gawe | tangèh tuwuh ing bêndu | sasat sisa sinêsêg wani | mirut marang Têmbayat | siswa gung kaplayu | wolung sinambêr ing sata | tangèh kiwul kêkawale rontang-ranting | mabonglot sing palagan ||
= Radèn Panji Sasrawijaya ing Ngayogyakarta ingkang ngikêt gita, sampun kaêsahakên dhatêng para paramèng kawi Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, kalih Ki Padmasusastra, tiga Radên Păncakrêtarta, sami siswotama.
Sumantri, Radên Mas ...
16. Kinanthi
1. rarasing tyas mrih rahayu | dènira suwitèng
--- 17 ---
gusti | mastuti trusing wardaya | sumungkêm sumungku kadi | mantrastuti cipta maya | tri rahsa dadya sawiji ||
= Radèn Sumantri 1818 ( = Radèn Ngabèi Wiraarjana abdi dalêm mantri kadipatèn anom)
2. dyan tama mangun pêksayun | wirayat tumraping rawi | yayah kadya mangayuta | kulawarga supadya mrih | surasane gitotama | mamalada darmastuti ||
= Dyan Wiryakusuma.
Prabu Prangwadana, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya ... (M.N. IV)
17. Dhandhanggula
1. pangulahe ing prakara iki | ngrancang cipta nuli pinariksa | arsaya gêlis rampunge | ya aja sira wêngku | prakarane ulurên dhisik | bubukanira apa | prangên kang tan urus | watona anggêring praja | dadi adil karone narima sami | nalăngsa luputira ||
= Pangran Arya Prabu Prangwadana.
Jayasarosa Radèn Tumênggung ...
2. rahên ingkang pancèn dadi wadi | dèn mardawa wijiling wacana | tujunên kêkarêpane | mêngko yèn wus kawêngku | gunggungane kang dadi runtik | jajalên ungupana | ya kang dadi rêmbug | sakarêpe [sakarê...]
--- 18 ---
[...pe] turutana | roroncène măngsa bodhoa sirêki | sarasane rampungna ||
= Radên Tumênggung Jayasarosa.
Jagakartika, Radên Ngabèi ... Zie Kitiran Măncawarna
3. anyarkara ngrênggèng madya ruwi | mrih kadadyan prasidaning sêdya | dera mangarah babare | pindan bèbèring kawruh | kang minihi wahyaning budi | raharja lir kawarja | magatra ginilut | wignya akarya pirêna | winigati tinetah nuntên alantih | mangrèh kadarsanarja ||
= Radên Ngabèi Jagakartika.
Jagawigata, Mas Ngabèi.
18. Mijil
1.a pundhung kêtos nèng pojok ngaubi | jalegor nalosor | gayam eyub cagaking senggote | wi gêmbili gumolong ing têpi | garut ganyong nunggil | talês kimpul bêntul ||
= pun Jagawigata, zie Dj. K. no. 13. 1827.M
2.b punthuk pundhung cinithak têtêgil | jagungan kinêdhok | gaga gênggêng garingan tanpa we | wira-wiri rinabasèng paksi | galathik narithik | tarab [ta...]
--- 19 ---
[...rab] nèng têtanggul ||
= pun Jagawigata
Ngabèi Kangjêng Pangeran ... zie babat, M. N. blz 188
19. Dhandhanggula
1. kang mangagnya mrih sarkarêng rawi | jêngira sang narèswaratmaja | panggagasing sarirane | ngèngêti kalanipun | rancakèng tyas duk anèng ardi | agung dènnya sangsara | ngambah jurang sirung | beda praptaning sanggraha | ical sagung rancaka enggaring galih | marma kinèn amarna ||
= Kangjêng Pangeran Angabèi.
Suryaasmara, Radèn Mas Arya ... M. N. dhatêng Radèn Mas Panji Èsmubrata.
2. kumawignya pêksarsa murwani | ring gitaya macapat sarkara | têkwan parjaka argyane | saking rakanta tuhu | twèdhê litnan wadya inpantri | Ariya Suryasmara | katura riningsun | Radyan Mas Èsmusubrata | satriya nom ambêksanta sadu budi | krêtarta ing aguna ||
3. kang wus mungkur ing kanisthan yêkti | madhêp marang tindak mrih raharja | sinandikramèng tindake | tamaning tyas kadurus | puwaranta ambatur tulis | tarlèn minta aksama | dahat kamipurun | dènta marna ring pustaka [pu...]
--- 20 ---
[...staka] | mung dumulur: ing karsa sang misudhèng sih | pun kakang tan suwala ||
4. tandya ing sabangkit amangsuli | nanging dahat tuna parikrama | tuhu kurang wiwekane | wahyanta amba sampun | nupiksani kanang palupi | puwaranta ari mas | mundhut pola janur | sulaman corak sêkaran | ing sêsagêd ulun badhe angupadi | margi tan darbe amba ||
5. sampun dadosakên ing panggalih | sakalangkung gèn ulun istiyar | yèn sampun antuk yêktine | nuntên ngaturkên ulun | sampating panitra marêngi | ri Kêmis lèking căndra | nuju ping salikur | wulan Ruwah Wawu warsa | ingkang măngka sangkalanira ing warsi | tri pura giri tunggal = 1793 |[9]|
Suyitna, Radèn Mas ... dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Tăndhaatmaja M. N.
20. Sinom
1. kintaka kidung sri nata | satata kang sêmbah bêkti | arinta dèn mas Suyitna | katur ring raka lan swami | kang lagi anèng ardi | pasanggrahan Tawangmangu | tirah mamrih waluya | rit mistêr wadya kaplêri | saha garwa nararya Găndaatmaja ||
2. sampuning kadya punika | wiyosipun kados pundi [pu...]
--- 21 ---
[...ndi] | kakang mas gêrah paduka | rèhning kula maksih alit | dèrèng sagêd martuwi | cuwaning manah kalangkung | badhe uningèng arga | arsa pamit kula ajrih | bok dinukan ing kangjêng rama paduka ||
3. mila mung nyuwun pawarta | kawontênan tuwan mangkin | kalawan garwa paduka | myang putranta pun Siswadi | paran sami basuki | dèntên kula myang jêng ibu | tuwin sadhèrèk kula | miwah ramanta jêng gusti | palaling Hyang sadaya sami raharja ||
4. nahan ta ingkang punika | kang sarêng lawan kintaki | kangmas kula sumapala | akintun satunggal nyamping | sarung pasatan bathik | măngka tăndha bêkti ulun | myang mugi kaanggêpa | kula kang sowan pribadi | saking dahat onêng kula mring paduka ||
5. wusana panuwun kula | dhumatêng Hyang Maha Suci | paduka enggala sênggang | kondur dhumatêng nagari | titi lukitèng ari | cinitra ing ari Saptu | lima likur kang tanggal | Jumadilakir Je warsi | sinangkalan: salira trus sabda tunggal = 1798 |[10]|
Sumawijaya, Radên Mas ... dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Natabrata II.
--- 22 ---
21. Dhandhanggula
1.a purwèng thika makrêtyèng palupi | paksi sarkara winangun gita | saking rakanta wiyose | Sumawijaya muhung | kewala mrih rênaning galih | rêsêping pawong mitra | cihnaning gung lulut | kaswaring ari Jêng Pangran | Natabrata kawula kang atur taklim | pustaka yogya lamba ||
2. satêlasing ulun mananggapi | pustakanta kang mèksi kadrêdan | kang minăngka têrsandhane | asih mring kawlasayun | ngayubagya kadang andasih | brêtya Wirakusawa | busanèng kaprabun | gambar orên binlodir mas | katrap jăngga bajuning para prajurit | kawacadi sapala ||
3. yèn dinulu ngalela dumêling | gilang-gilang marèsmu ngujwala | de kawacèku prabane | lir siringing kilat pyuh | kadyangganing riya manglirik | ing dyah tinanduk krama | têmpuh ing pandulu | liru liring kapagutan | dhuh mitraku bisa têmên ngrujit ati | Jêng Pangran Natabrata ||
4. sun têtêdha ing Hyang Maha Suci | kapindhone ing jêng nayakèng rat | muga tulusa asihe | ywa kamomoran kayun | yèn janma lyan amrih tan yukti | yayi dipun santosa | lêksanèng [lê...]
--- 23 ---
[...ksanèng] sêdyayu [23] | pama wiji lawan tanah | sumêbar ing bantala kaleban warih | tuwuhe tumaruna ||
5. budi darma kang minăngka wiji | panarima upama bantala | laku minăngka toyane | ari mas paminipun | langkung awrat tinitah singgih | kêdah ngupadi tilas | prasidaning tuwuh | ari mas atur kawula | jroning pati punika karaton adi | yèn wus tumibèng nistha ||
6. tanpa wangênan ucaping janmi | pae lan kang wus tibèng utama | nadyan galur pocapane | tan wontên sarunipun | titi patêmbayaning tulis | Rêspati ing sapta wlas | Rêjêp ingkang tèngsu | Jimakir pyadha kang warsa | sinangkalan rasa buja wiku aji = 1786 |[11] Dyan Mas Sumawijaya ||
di
b
22. Kinanthi
1. bêbondhetan asta tundhuk: kinanthi | panambuting puspitadi: sinawung | kinanthi nawung gitaya | Sumawijaya palinggih | Kapitan Wirakusawa | brêtyamanggala inpantri ||
2. dwija kang agama rasul: wong alim | taklim kawula kang mugi | bramara lit talèng kisma: tawon tutur | katura [ka...]
--- 24 ---
[...tura] padanirari | Jêng Pangeran Natabrata | wong agung lêgawèng budi ||
3. angkên tranggana sumunu | ngumukus ngumala wêning | putusing rèh wirotama | sutendra wênara Bali: Anggada | sêmbada bagus taruna | sihing mitra gung kaswasih ||
4. wastra pangagêming kakung: bêbêd | ri mas ambarsa ngribêdi | kitiring ron pindha kruya: rêmpêlas | wêlasa kadang kaswasih | kadang sang sri ruwa-ruwa: Prabu Dèwi Angin-angin | kawula dahat kapengin ||
5. tambang wisayaning manuk: kala | kala Jêng Pangeran Mijil | mring masjidil ari Sukra | busanadi warni-warni | surya kêmbar ing wadana: tingal | katêmbèn amba ningali ||
6. toh seta panjrah ing bau: panu | mênawi panujwèng galih | sêndhang gêng ing pawukiran: kawah | lintang sumusup ing warih: konang | kawula dèn wênangêna | gumantya kawasèng Turki ||
7. badhama ngansramèng laut: pênyu | panyuwun kawula mugi | paksi mijil ing pandhogan: nêtês | dipun pantêsa pribadi | kêncana tumrap ing braja: srasah | kawula masrahkên dhiri ||
8. te kang suling dami pantun: drêmenan | wiyangga lit sabèng kali: salira | darmi
--- 25 ---
ngong darbe salira | putri adi ing Kubarsi: Kadarwati | parikan kang sarpa krêsna: dumung | mung paduka kang darbèni ||
9. titi panitraning têmbung | tular rêngganing palupi | waktraning Wirakusawa | lukita anganggit-anggit | rêrêpèn nawung gitaya | pinrah usada makingkin ||
dem
c
23. Pocung
1. sêkar pocung mangriptèng tyas gung mangunkung | kang mangrênggèng gita | sira kapitan inpantri | kang panêngran sirarya Sumawijaya ||
2. saking dahad sungkawèng tyas sruning giyuh | kataman wiyoga | mring sang prawiranom pêkik | ingkang taklim pinrih sayogi katura ||
3. mring ari mas Jêng Pangran Natabrata nung | kang trêsnèng kêkadang | tyas suci budya marta sih | wiyosipun ari mas raka paramba ||
4. kawularsa minta sanggyaning bêbêndu | dene cumanthaka | mring paduka kumawani | ingkang mugi pangran lêgaa ing karsa ||
5. raka para: akarya sungkawèng kalbu | yèn parêng karsanta | kawula yun minta nyilih | kagungane sangsangan ari jêng pangran ||
6. bante-bante orlosi [orlo...]
--- 26 ---
[...si] kang tansah murub | gumêbyar ngujwala | ngarawistha kadi thathit | lan agêmta rasukan baludru krêsna ||
7. ingkang kagêm nalika jagong rumuhun | mring jêng uwa Pangran | Mangkunagara kalaning | wulan Bêsar titi patêmbayaning srat ||
id
d
24. Dhandhanggula
1. măngka sarkara winangun kadi | Dyan Mas Arya Kusumawijaya | kang lagya brănta têtanèn | nèng wana adhêdhukuh | suyasa lit araning wukir | ing bukit Selagana | dahat tinon samun | sêpên langêning sarwendah | papan rumpil siluk sungil jurang trêbis | kiwa tan kawistara ||
2. samangkyarsa sêkunging driya mrih | cumanthaka ngaturkên nuwala | tuhu tan wruh sarirane | dènnya kêdah kumudu | ngaku kadang marang ing gusti | Jêng Pangran Natabrata | wong agung pinunjul | abagus misih taruna | wignya parikrama tur santosèng budi | lêgawa paramarta ||
3. mardikèng rat tyas ngumala wêning | yayah purnamaning kartikenjang | nêlahi buwana kabèh | ngujwalaning ngênguwung | mawa praba diwangkarani | sumuking tyas raharja | mangkyamba pukulun | gung
--- 27 ---
minta aksamèng tuwan | kadudoning kadang para rèh ing mangkin | wus têbih saking praja ||
4. adêdunung madyaning wanadri | wukir alit têbih sing padesan | tanpa rewang saèstune | pantês diksurèng têmbung | yun nuwela[12] gănda mring gusti | rumêngkuh ngaku kadang | karyewa kang ngrungu | mung pantêse kadang wrêdha | ya marmanya dèn agung ngapura gusti | janma desa tan pakra ||
5. datan wruh ing dêdugi prayogi | labêt saking kirang pamicara | saru yèn dinulu ngakèh | ari mas wiyosipun | ingkang taklim swamimba yêkti | myang pangabêktinira | sutanta sadarum | kang sarêng lawan pustaka | angaturkên sajuga buron kasturi | wêdalan Selagana ||
6. sampun paduka kagyat miyarsi | buron kasturi yèn nagri Sala | yayi satuhune rase | nguni paduka mundhut | ing samangke amba ngaturi | sumăngga ing sakarsa- | nira jêng pukulun | amba sakamantyan suka | dene gusti jêng pangran sun dulu asih | langgêng trêsna ing kadang ||
7. tan adimpe raka para yayi | karsa nyarwe wong kang nandhang papa | sayêkti datanpa gawe | paduka satriya nung | tur kinadang-kadang [kinadang-...]
--- 28 ---
[...kadang] sayêkti | risang narendra mudha | ratuning abagus | Sinuhun Jêng Susuhunan | saèstune jêng pangran datanpa asil | mèt mitra janma desa ||
8. dêstun tiyang punapa wak mami | nora kanggo suwita mring praja | tur dhasar kadange dhewe | dene ping kalihipun | turun bapa miwah pun kaki | buyut punapi canggah | kalairanipun | tan liyan saking punika | pundi marganipun saene wak mami | yêkti gêlahing jagad ||
9. kastawan ingsun yayi kang mugi | pinanjangna gusti yuswanira | luhura ing salamine | winantua pangèstu | ing supangatira jêng nabi | rasul nayakaning rat | baboning roh tuhu | măngka tohjalining rahsa | kang misesa murwèng ngalam sahir kabir | jumênêng wakiling Hyang ||
10. kang ngimpuni samuwaning puji | lan kang bage sanggya wahyu kobra | saking rasul pinangkane | nadyan kang sipat kayun | tan prabeda karoning tunggil | yayi pira kang lagya | antuk sih Hyang Agung | kinarya gêntining Suksma | pratandhane nèng asma tuwan sayêkti | jumênêng pangengeran ||
11. kêdah èngêt sampun tilar nami [na...]
--- 29 ---
[...mi] | lairing asma saking apêngal | basa apêngal panggawe | dene upaminipun | kang ingaran yayi mong tani | yêkti pakaryanira | gaga myang nênandur | gusti jumênêng pangeran | yèku asmanira dat Kang Maha Suci | yayi dipun prayitna ||
12. titi panitranirèng palupi | ing wusana yayi tur kawula | nyuwun tulung sarirane | prakawis sutaningsun | kang pinundhut raka sang aji | dhuh gusti pun Jaerah | sumăngga riningsun | punika rare ugungan | sampun taha paduka angambil siwi | sintên prayoganira ||
Prangwadana, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu ... dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Găndaatmaja M.N.
a
13. mêmanise ing sabda palupi | palunturing wilasa la-êla | lumayastu sasmayane | arinta Pangran Prabu | Prangwadana dinardan singgih | mayor ajudhanira | jêng gusti wira nung | katura mring jêng kakang mas | Pangran Arya Găndaatmaja kang pasthi | wasisthèng parikrama ||
14. sih rumêsêp sumarma mring ari | tar paingan wèh puba[13] niskala | la-mala nèng waluyane | kakang mas wiyosipun |
--- 30 ---
inggih kula sampun nampèni | paring paduka thika | paran salwiripun | sasotaning pustakanta | prastawanta kawangwang ingkang muryani | purwaning patêmbayan ||
15. dahat sruning kamantyan kêpati | ing pamundhi panosèng driyamba | pudya dadya kasidane | mawarna tuwuh nulus | sabdaning sang kadang wrêdhadi | drêsing kastawa pindha | sawarsa sumawur | lumawat jiwangga mulya | luwih saking kumala rêtnadi murni | kalêngkaning tyas arja ||
16. ulun pêtak saluhuring raksi | myang tinimbang saujunging kiswa | saking gêng sih pamulène | dhuh kangmas kadang ingsun | trus rumasuk têlênging galih | saliring pangastawa | kang sampun lumuntur | kawran lir puspita sumyar | maratani rumarap ruming kang sari | sarananing katrêsan ||
17. puwaranta ulun atur yêkti | sambodhana gêgarban pra wala | sanggya sotaning tyas mangke | kanang winudhar sampun | tumrap jroning thika puniki | itih duk ari Buda | nuju kaping catur | lèk Saban Alip kang warsa | tri bagêna brahmana kastha winarni = 1803 |[14] sangkala lumaksana ||
Panêmbrama rawuh dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX
--- 31 ---
ing dalêm Kamangkunagaran
25. Kinanthi
1. sêmbah ning ulun lumintu | lumantar marta mênuhi | manubawa lukitarja | arja panjrah de sang aji | musthikèng rat nuswa Jawa | arsaya arsa martuwi ||
2. dumadi raosing kalbu | lir katrêsan ratus minging | saksat rawuhe Hyang Sakra | karon arsa apêparing | wahyaning wahyu dyatmika | panguripe wong sabumi ||
3. tumrahing ron angrêmbuyung | tumangkaring sêkar kengis | kongas amanadu gănda | kabêntar kentar lumintir | kasêmbuh ing kapat măngsa | patranta santara sêmi ||
4. rumaos lalu kalalun | kêlêm kaleban ingkang sih | sihira jêng sri pamasa | lir surya ambabar enjing | wèh sumyar pranawèng sanggya | kang gumlar titahing bumi ||
5. marma sakadaring kayun | sumawana asêsanti | santosa nityasèng basa | basukining jêng dewadi | saumi garwa myang putra | sagotra lyan kang wadyalit ||
6. tulusa mêngku kaprabun | mêngkoni ing tanah Jawi | pinanjangna ingkang yuswa | sirna nirmala salwiring | pinayungan ing Hyang Suksma | wahyuning rat angayomi ||
--- 32 ---
7. titining gita pinatut | pinatrap ri Sukra kaping | patlikur ingkang candrama | Jumadilawal Je warsi | sangkalanira kawarna | ninging cipta ngèsthi tunggil = 1811 |[15]|
id
Panêmbrama rawuh dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara (P.B. X) ing pasanggrahan Wanagiri.
26. Sêkar Puspasugita
1. pajar sanityasèng ayun | kayuyun atur basuki | subakastawaning basa | mring wong agung kang cangkrami ||
2. mangke ing sarawuhipun | makuwon nèng Wanagiri | kalangkung suka kawula | saksat nugraha gêng prapti ||
3. rumaosing manah ulun | kalaban jaladri gêndhis | karirisan ratus gănda | sumrambah sumêr mring dhiri ||
4. ing nguni kadyangganipun | kang tarulata samya nglih | mêne katamaning warsa | martotama maosadi ||
5. kang tarulata taruntum | tuntum tumaruna malih | malah amarêmbun enggar | panjrah kang pradapa wilis ||
6. ing mangke amba umatur | ing panduka kangjêng gusti | mugi sampun mawi taha | dèn kadi pura pribadi ||
--- 33 ---
7. titi mardawaning kidung | cinitra nèng Wanagiri | sangkala warsa candrama | mulat nata ngèsthi siwi = 1812 |[16]|
Panêmbrama rawuh ing dalêm Kamangkunagaran.
27. Kinanthi
1. wau ta sarawuhipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | Sudibya Narendrasiwi | winangun ing kata tama | tumraping sêsêndhon gêndhing ||
2. pra santana kang dumulur | pijèn namung sawatawis | sakala kang tinêdhakan | ing Mangkunagaran kadi | kataman sarwa sarkara | kalunturan ing mêmanis ||
3. myang kêberan ing rêratus | mranawa marbuk mrik minging | karirisan tirta marta | sumrik tumrah maratani | saksat maosadi lata | panguripaning sabumi ||
4. santi panêmbramèng kidung | ri Anggara tanggal kaping | nêmlikur ing Dulkangidah | warsa Be dèn sangkalani | karaos nunggil sarira | jêng gusti pangran dipati = 1816 |[17]|
id. Panêmbrama rawuh ing Kamangkunagaran, jêmparingan, sêkar Walagita
28. Walagita
1. tambang kumba: ikêt witana munggwing bacira: bangsal | pangikête: wangsalan winor ing
--- 34 ---
găngsa ||
2. kusumastra: pamor | carêming rèh palakrama: atut | moring gêndhing: pinatut lawan irama ||
3. siwi nata: gusti | rahap supêkêting cipta: sudi | kangjêng gusti: sudibya raja pinutra ||
4. jarwa mudha: anom | parabe narpati Karna: Suryaputra | bagus anom putrane narendratama ||
5. tirta maya: bêning | satriya ngrêgêm warastra: musthi | gusti kula: musthikaning Surakarta ||
6. muka tama: bagus | rotan măngka tawing angga: tamèng | bagus mudha: micara tur pramèng sastra ||
7. kawi dewa: bathara | giwanging wulan purnama: grahana | kang jênthara: limpad pasanging graita ||
8. roning arèn: liring | wilada ruwit kang patra: lo | anjalonèt liringe wèh larasmaya ||
9. gujêng madya: èsêm | we sêkar pinrih sad pada: madu | èsêmira: sêpêt madu pinasthika ||
10. sêntèk wastra: walira | arane manyura bêksa: ngigêl | kang salira: parigêl tur parikrama ||
11. nguswa suya: ngaras | ganggêng wisma winursita: sawang | yèn linaras: sawang sawunge sêmbada ||
12. bau kaga: swiwi | wil bajang
--- 35 ---
kadang Suwănda: Sukrasana | ingkang mawi: srana wêwangsul lukita ||
13. rêngu sabda: nêpsu | sabda panêdha Hyang Suksma: muji | kang suraos atur pujining raharja ||
14. sêdya manda: sêmang | pandaya umpaking kisma: batur | ing samangke: kula atur pudyastawa ||
15. dindang gora: kongkang | aran gaganging kalapa: janjangan | ingkang sarta: pinanjangna yuswanira ||
16. sela cahya: intên | saron gêng măngka manggala: dêmung | botên langkung pan amung sêmbah kawula ||
17. cipta maya: angên-angên | timbuling ron: sêmi guwa tirta: rong | langên rêsmi răngga ringgit langên praja ||
18. jarwa raka: kakang | bobot panêpsiring brana: timbang | kang minăngka: kêkêmbanging pra satriya ||
19. rongèh karsa: wiraga | waruju putri Jênggala: Onêngan | wiragane: nênangi onênging driya ||
20. sêmining ron: trubus | kang janma nir driyanira: amlêng | yèn busana: nyamlênge tan mindho karya ||
21. purwa sastra: ha | trah ngawirya ing sasrama: bambang | ditimbanga: warnane tan ana sama ||
22. ancur sotya: dhasar | ngulungkên srana wicara: nya | dhasar bagus nyata tungguling
--- 36 ---
satriya ||
23. toya rêkta: anggur | janma kerut ing pakarya: sêngsêm | gur anggure: yèn mèsêm anuju prana ||
24. sêngsêm driya: kasmaran | jawata mêngku wibawa: Bathara Indra | yèn cinandra: wèh kasmaraning wanodya ||
25. ngajab karsa: ngajêng-ajêng | narendra Biraji praja: Aspandriya | mila saking pangajêng-ajênging driya ||
26. wusing karya: dados | prajane Sri Bomantara: Trajutrisna | mung dadosna pratăndha katrêsnan kula ||
27. kalam waja: pèn | kalabang lit kang markata: rêna | katampèna kalayan suka pirêna ||
28. dêling arga: cêndhani | pamatuting kang pradăngga: nglaras | pun Cêndhaniraras lurah langên taya ||
Pambage dhatêng Brêtyapati
29. siti rawa: êmbag | pandaya pangikal pura: jăntra | sung pambagya mring sanggyaning para mitra ||
30. jarwa raka: kakang | katu alit rinumpaka: gandring | ingkang samya lêlangên mèt sukèng driya ||
31. mêndhung seta: mega | kang mina sring piniara: sêpat | muga-muga: lêpata ing duka cipta ||
32. krama minta: nêdha | janma kang ngupaya mina: andon [ando...]
--- 37 ---
[...n] | ing panêdha lêstantuna andon suka ||
Puspawilaga, Radèn Panji ...
29. Kinanthi
1. pustaka kinuswèng kidung | pinardawèng sari kandhi | nahana kang dadya driya | mangarcana silastuti | êntyar tyas mamrih sudarsa | sudarsanèng mamrih êning ||
2. kaênêngan manahên kung | angkên kakênaning kanin | kaninangan naya kenas | konus nis kramaning kami | kamanungsan saniskara | karantan rêntêng kêpati ||
3. putêk mêtêk katêkan kung | mangkin kakungkungan kingkin | kawangwang kawèng sungkawa | kawêwês murcita matis | tistis ring tyas sanityasa | nityu sungsut sak sasêpi ||
4. supe supanèng manêngkung | ngongkang kawangkungên kengis | kongas ing rèh karahatan | tan pantara mirakêting | katêtangi tangisira | sira sang paramèng kawi ||
5. kawilêting kung kalangkung | kalingkung kongkalan angling | kèlingan kalêngkaning rat | kang murud murwèng don adi | dining kanang ing kaanan | kaonang-onang tyas êning ||
6. wèh onêng manungku ring kung | rungkat karangkat ing runtik | ngrêntak rontag katawuran | wuru riwut mirut miris | kèris rarasing rasika |
--- 38 ---
saking sêkunging pangaksi ||
7. kasat mata sasmitèng kung | kangên kèngêtan ing ati | ngantara têmah miruda | arda rudah arudatin | datan ketang katanggama | mung agama dèn ugêmi ||
8. gumun etang nir kênèng kung | kawêkèn kanang kinapti | nupka samaptaning cipta | sipat pêpêsthèn kaèsthi | ngèsthi sisthawaning dwistha | dwastha palêstha pinusthi ||
9. dwasthanirangkên manêngkung | nungku manungkara ririh | rumorah murang ing driya | drawaya waspa tanpa wis | wusana sah ing sasana | sanalika nêningali ||
10. mulat malah mêmalatkung | mangkin nukartèng dumadi | dadak meda amidana | dumunung katrêsnan mami | amingkara karan apa | apa tan wêlas sirèki ||
11. marang kang kasangsayèng kung | kongsi kasok ing pangèksi | saksat pêsat jiwa kendhang | kadhangan kandhih kalindhih | makundhah kandhêm ing kisma | kasmala mulat malatsih ||
12. ngêsah kabarusah ring kung | rêngka rêkasa sayêkti | hèh darmaning diwangkara | karêm rumancanèng urip | rumarap mangirup rupa | korup sira sun arani ||
13. karana marakên ning kung | kèlu manungkuling kapti | dhuh hyang-hyanging surya căndra | sung mendra ruharèng kami [ka...]
--- 39 ---
[...mi] | mêngku karya rancaking tyas | tanpa marma ing kaswasih ||
14. wangwang wungu gandrung-gandrung | gumandrama mardawa ngling | dhuh lae wodig driyamba | mring ngêndi paranta gusti | tega têmên jiwaningwang | tilaring dasih kaswasih ||
15. têmah kataman ing gandrung | sapa kang kuwawa gusti | tininggal kari sungkawa | kawangkungên sabên ari | tan kêna sun sêsamura | ing pangimur kang murwani ||
16. malah milah lumalat kung | iya kaya paran gusti | yayah bela nganyut jiwa | saking jinuwêtan wingit | lam-lamên woding driyamba | kalamun maksih anyèthi ||
17. tan sangsaya sruning gandrung | nanging kang sopana sêpi | sapa sumiwèng saparan | paran darunaning ati | mèngêt mangu-mangunêngan | nêng ngênani prana mami ||
18. nir martaning tyas anggandrung | kadarman mandrawa kadi | kadêdawan andaluya | dulunên tangis ta gusti | yayah ngayuh ing ngawiyat | mêmayat yuktining ati ||
Jayasarosa, Rarèn[18] Tumênggung ... rêrêpèn.
30. Mijil
1. mijil saking jroning taman sari | nglipur tyas sru nglamong | kalanglangan mring wong golèng-golèng | lalu lênglêng linglung andalêming | linali [lina...]
--- 40 ---
[...li] kalingling | ngalela kadulu ||
2. kalimputing nadhah lawan guling | angumpul gumolong | ciptèng nala mung wong dlongèh-dlongèh | datan limput mandar mêmalatsih | sihe kang sun èsthi | măngka pamiwalkung ||
3. patarendra: dhampar | watêsing pamilis: wêkasan | dhuh wong moblong-moblong | brantaningsun paran wêkasane | siwaya ring Sang Dasamukaji: Indrajit | sotyasing tyas kadi | rinujit winasuh ||
4. bajing rêta: rase drubiksa mawagni: kêmama | dhuh wong jonggrong-jonggrong | lamun manggung mangkene rasane | wogan tirta: lintah | rêkatha gung tasik: mimi | tan bêtah wak mami | nahên ing kung gandrung ||
5. bramara lit ingkang talèng siti: tawon tutur | dhuh wong mêlok-mêlok | kapan baya lumuntur srêdhane | sarah madu: malam paseban jro puri: sri manganti | wus lami manganti | ing kayun kayungyun ||
6. biksu wulung? kramaning sadêmi? | dhuh wong thorok-thorok | baya nora măntra sira anggèr | animbangi dasih ta kaswasih | ywa galih sun iki | nyipta dyah lyanipun ||
7. jinjang rawi: [ra...]
--- 41 ---
[...wi:...]lingsir sêsajèng udadi: labuh | dhuh wong dlongop-dlongop | tan gumingsir labuh sarirane | puspa krêsna: tlasih wrêsni kesawaji: sêtyaki | prasêtyaning dasih | janmaa ping sèwu ||
8. kambing wana kang sêsiyung kalih: kidang | dhuh wong lenggok-lenggok | pangudang-kudanging tyas dasihe | kalêmbak gêng: wrêsah wiryawaning dhiri: mukti | muktia salami | ywa pisah lan ingsun ||
9. singa wastra: tuma kênyadi ing wukir: endhang | dhuh wong dhongoh-dhongoh | têtumanên ngendhangi dasihe | suling dami: drêmenan rondhoning silarsih: lirih | dêdimène mari | wiyoga anggandrung ||
10. kramèng boja: têdha praja Sri Sanarim: Ngajêrak | dhuh wong glenoh-glenoh | sun têtêdha anjrak anèng kene | ciri raga: cacad Patih Mlawapati: Bathikmadrim | cacade sathithik | ayu bangun turut ||
11. kisma wiyat: langit atmèng Dyah Pratiwi: Sutija | dhuh wong clorot-clorot | katon wingit sumunu tejane | bayêm arda: latêng | kaka wre Subali: Anjani | antêng jêtmikani | lindri-lindri
--- 42 ---
sêmu ||
12. sanjata gêng: mariyêm Kumbayana swami: Wilutama | dhuh wong rompyoh-rompyoh | riyêm-riyêm wênês pasêmone | angalêntrih manis mêrak ati | sumunar sênêning | cahya ingkang mancur ||
13. sarpa arda: naga parabing Krêsnaji: Danardana | dhuh wong longok-longok | danar-danar lêmês tênagane | dhusthèng warna: pangling wungu ing aguling: tangi | kèwês lamun angling | nênangi nala hyun ||
14. sêmbilang gung ingkang taji kalih: lele | dhuh dhuh wong mancorong | lêlewanta gung katonton anggèr | wohing kamal: asêm sêkar kolang-kaling: kadi | èsêmira kadi | madu kinum juruh ||
31. Dhandhanggula
1. midêr ring rat angalaya bumi | jajah desa amilang nagara | mubêng têpi samodrane | tumurun jurang trêjung | sumêngka mring agraning wukir | nalasak wanawasa | sayêkti tan antuk | wong asèdhêt kaya sira | tur parigêl rêspati amêrak ati | gandês luwês wèh brănta ||
2. Dayita Sri Arjunasasraji: Citrawati | lamun miyat citrane sangsaya | wèh maras gênging wirage | wiraganta kang anggung | angga gagas [gaga...]
--- 43 ---
[...s] gagasing galih | linilih-lilih malah | lumalat nala nglud | anglud amimbuhi brănta | brăntaningsun kadurus tan antuk aring | wirangrong karungrungan ||
3. dhuh kusuma musthikaning puri | ingkang pandaya pangruwat atma: waluya | mirah dasihira kiye | paran waluyaningkung | wiyogèng tyas tansah ngayomi | matêng tanpa budaya | ngiyêng ngayun-ayun | subrataning dwijawara: muja sêmèdi | tambang sutra: songa dhuh pujanku dèn tumuli | sunga usadasmara ||
4. jarwa rimba: wanadri sata kang kêkasih: ayam | ardaning driya angayam-ayam | luntura sihira bae | dadya pambengkasing kung | satriyadi wijiling wukir: bambang | ingsun bang-êbang săngka | kanohaning ulun | prajane Sang Bayuputra: Pamênang | wênangana misesa sajroning rêsmi | namun rarasing tilam ||
5. patra wisa: kêmadhuh sotya mardawa brit: mirah | sudargane dasihta dhuh mirah | tan kaya tyas ingsun kiye | buja wrêksa: pang matswa gung: baya | paran baya gon ingsun panggih | janma murbèng kêncana: kêmasan | lan sira mas ingsun | rondhaning kang
--- 44 ---
tangkil karang: so | sêkar kapas: kapi sotaning tyas wali-wali | kapiadrêng matikbra ||
6. gêlang sweda: ali-ali sara Wisnumurti: cakra | datan liya kang kacakrabawa | muhung juga sarirane | parang jaja: susu narma gung: jalanidhi | sun sêsuwun dera Hyang Widhi | dadia kanthiningwang | salamèng tumuwuh | tirta maya: bêning sarpa krêsna: dumung | ninging cipta mung sira ingkang kaèsthi | dadia kanthiningwang ||
32. Kinanthi
1. parandene raganingsun | mangkene rasaning ati | manggung ngarang karungrungan | rangu-rangu ngrêranuhi | muhung rêsmi ruming netya | satata kang mikatoni ||
2. tam-tam tuman gung kêpatuh | tumonton rêsmining gusti | mring citranta sanityasa | mulêk têlênging pangèksi | dhuh dhuh sang kadi sêsotya | prak atine tanpa tandhing ||
3. lela-lela linalimut | linali saya kalingling | kelut nalane kèlingan | kalalu lênglêng malatsih | dhuh babo sang lir kusuma | lêlewane milangoni ||
4. ngênês nalane lir konus | sinrang ing wigêna dening | anon sunaring wadana | nênangi onênging ati | dhuh sang rêtnaning
--- 45 ---
buwana | manise mêmanas ati ||
5. ribêng kalbune gung kambuh | kambah kabubuh ing branti | kabêbêg wimbuh barubah | tan tuk babah bêbana sih | dhuh dhuh sang mimba Supraba | biratên tikbraning abdi ||
6. supadi ywa drêng kang gandrung | darung kadurus wiyadi | udrasa lir kadrawasan | turidèng driya mawrêdi | dhuh dhuh sang kalêngkaning dyah | sadan nênadah ing dasih ||
7. sihana gusti ywa manggung | angsung siksa sangsarani | dasih wus sru sayah lêsah | susah ngêsah ngasih-asih | dhuh dhuh sang kadi sasăngka | wêlasa mring sang kaswasih ||
8. wus lami angayun-ayun | wahyaning wrêdyanta yayi | kayungyun sadaya-daya | ing driya ngayêm-ayêmi | dhuh dhuh sang kadi mutyara | baya[19] nora kaya mami ||
9. nandhang wiyoga gung wuyung | liwunging tyas nawung wingit | tarwiyang tekang kawangwang | kêkuwung ta kang murwani | dhuh sang lir gambar wangunan | aywa dêdawa wiyadi ||
10. tan marêm ingimur-imur | arême mandar mrêpêki | marwasa nangsayèng rimang | sêmang-sêmang mawèh miris | dhuh sang rung-ruming kusuma | intên marmanên wak mami ||
11. tan lêjar tyase kabanjur | kunjana jiwane kadi | jinjang gonjing kajantaka [kaja...]
--- 46 ---
[...ntaka] | ajur jêjantunge rujit | dhuh sang punjul ing juwita | bok inggih paring jêjampi ||
12. jampi pambengkas sruning kung | panyingkaling nala kingkin | suka sumarah sakarsa | rakitên măngka kêkasih | dhuh dhuh sang kadi kênaka | kêkasihku rênèng kapti ||
13. sun cipta pantês nglêlipur | ngrêrapu rapuhing ati | mrih purna pranawèng prana | puwara pamurung pati | dhuh gusti sang pindha surpa? | papasên putêking patik ||
14. kênthang-kênthang tyase kathung | angathung nganthêng angèsthi | kapinêtha ing thêthika | kinăntha ingathik-athik | dhuh dhuh sang istha musthika | pinasthia dadi kanthi ||
15. titi lukitaning kidung | kadung katunan kang budi | budi dama tan kaduman | sudarsananing utami | pangriptane srat satata | tumutur sêkunging ati ||
33. Maskumambang
1. lir mas kentir panuwune ingkang abdi | mring sang pindha rêtna | tulus asihing kaswasih | dhuh dhuh sang kadi Supraba ||
2. tyas ngumala susilarja lusing budi | jêtmika ing tingkah | sumèh sêmune awingit | tandang tanduke prasaja ||
3. sêmbada tur pidêksa luruh rêspati | rum kêdaling sabda | sariranya bêngle kèris | langi [la...]
--- 47 ---
[...ngi[20]] lir manggis karêngat ||
4. netra jait sinambungan otot wilis | astane gandhewa | lir baludru lusing kulit | wilêt amêmulêt driya ||
5. gambar papan: kar pênyu rawa: badhawangan dhuh maskwari | cumadhanging karsa | nyuwun trang kang dadya kapti | ing gusti sang kadi rêtna ||
6. wontên pamikate pan anggayuh ardi | ing pundi sagêdnya | yèn tan wontên sihing gusti | mring kawula kawlasarsa ||
7. sêsotya kang maksih datan mawa rukmi: las-lasan | sintên kang wêlasa | marang dasih gung kaswasih | ri ratri wayang-wuyungan ||
8. wisma luhur: panggung pratăndha pakêming aji: cap | kang abdi manggunga | dadya pocapaning janmi | wênara gung: wawa tan kuwawa ||
9. sarpa langking: dumung mung gusti ingkang kalingling | lalu saya nglela | patra wisa: kêmadhuh ulêr warih: lintah | dhuh sintên sagêd bêtahna ||
10. kang toh pita sumrambah ing raga gusti: panu | mêndhung kang samadya: mega | yèn lêga panuju yayi | ulun nyuwun tranging karsa ||
11. sujanma kang among sakarsaning gusti: abdi | klesa kentar tirta: sarah | kang abdi nêdya ngêmbani | sumarah [suma...]
--- 48 ---
[...rah] ing sakarsanta ||
12. taun astha: windu dhuwêt kang munggèng wanadri: kêtos | nadyan windonana | kang abdi taksih ngêntosi | yèn sampun panujwèng karsa ||
13. gramèh alit: sêpat saklangkung lêpat kang dasih | amung aksamanta | dhuh intênku wong amanis | tamat panataning kata ||
34. Mijil
1. kapan baya wijile dènnya sih | wus lami mangantos | rasa madu: manis kalêmbak gêng wite: warêsah | manisira tansah milangoni | nênangi onênging | nala langêning hyun ||
2. sarpa krêsna: dumung dununging narpati: kadhaton | mung sira katonton | nèng paningal saparipolahe | patra wisa: kêmadhuh sata kuncung wilis: mêrak | dhuh wong mêrak ati | wêlasa maring sun ||
3. mênyan seta: tawas Natèng Dwarawati: Krêsna | seban niyaka jro: srimanganti | lawas nganti marang katrêsnane | wastra adi kang rinênggèng rukmi: mur | gone mawèh branti | awit timuripun ||
4. kênthang rambat: katela yayahing sudarmi: kaki | têtela kinaot | teja panjang amrih warsa sore: kluwung | kêkuwunge wus [wu...]
--- 49 ---
[...s] katon dumêling | paran nuli ngliling | mring kang karya linglung ||
5. dhuh dhuh adhuh wong lurus rêspati | sumèhing pasêmon | gêgêlang kang nèng dariji gone: ali-ali | nora bisa sadhela yèn lali | sêkar pisang abrit: jantung | tumuntung jêjantung ||
6. rasa-rasa rinasa ing ati | kangêne tan towong | dyah ing swarga: widadari kêncana patrine: pijêr | wira-wiri pijêr aniliki | marmanta tumuli | asiha maring sun ||
7. parang muka: irung woh kasasab siti: sêmăngka | pamurunging rimong | găngsa alit irama tibane: ganjur | ywa kabanjur kajorong ing branti | kramaning jaladri: muara | sira jampinipun ||
8. imawita: layu panendraning aris: lêsu | ngêlayung kalêson | kukila bang kang seta jajane: wolung | lamun sira datan anulungi | pandaya nèng warih: saya | nangsaya kêlangkung ||
9. ngulatana sapraja tan manggih | lir kang winiraos | apa lagya jinugag karêpe | amrih pêrak dènira ngrêrêpi | mring wong ayu kuning | sinome kang ngrayung ||
35. Sinom
1. pêparikan made atma: nyawa | kang anyawang pipi kuning [ku...]
--- 50 ---
[...ning] | satriya Parangutara: Wibisana | atmaja Dyah Rara Amis: Abiyasa | sapa bisa nglakoni | dulu intên bisa clathu | senthe munggèng jêjurang: kajar | sotya rêkta sun arani: mirah | bisa mèsêm mirahe wong kalikajar ||
2. sumping sêkar roning kamal: sinom | kumlèwèr sinome manis | tibèng pêthite kang imba | sinambungan otot wilis | athi-athi malipir | prênahing karna tinuju | sarwa pantês yèn nyandhang | tan ana saru sadêmi | pasêmone kadya waruju Jênggala ||
3. dhuh kusuma mirah ingwang | kang sawang puspa inganggit | atma jiwane pun kakang | wong kuning ninthing jêkining | gandês ing sêmu manis | pasaja lêlewanipun | ana pêrak tan papak | ana sandhing nora tandhing | kari pantês kari tanduk kari tandang ||
4. Kusuma Dèwi Tandrêman | garwane Sang Wukirsari | ingkang kalêbu carita | parigêl wuwuse manis | iku mèmpêr sathithik | sairib lan pêpujanku | yèn ta padha anaa | aku wani toh sakêthi | bab parigêl gustiku măngsa kariya ||
5. yèn carita jaman Ngarab | kusuma sudara wêrti | putri Parangakik [Parang...]
--- 51 ---
[...akik] Raja | garwane Sang Jayèngmurti | plêng nyamlêng amadhani | tan loro lan jiwaningsun | kacèke jaman Ngarab | lan jamaning pujan mami | kene tatah sisig yèn ing Ngarab ora ||
6. kasore rêtna sudara | dêngongok untune putih | wajane woding tyas ingwang | pindha mirah ngilat thathit | yèn sakojure sami | tan ana gethang sarambut | jêjênthik pindha lintang | dlamakan gamparan gadhing | jêmpol nyirah ula cabe angalpika ||
7. polok bundêr lir jinăngka | gêl-ugêle anyêmbrani | kempol ngêmanak kêncana | cingklok maya-maya wilis | jêjêngkul nyapu manik | pupu lir giniwal alus | wangkong ngawêng amathak | nguwangwung cêcêthik manis | bêbangkekan mêmêt nawon kêmit mungal ||
8. sigêg samene kewala | lamun dèn mêmêtna maksih | nanging lekohe andadra | dadi saru kapiyarsi | sagunging para èstri | yèn kêbacut nora patut | tumrap anèng pustaka | tan wande cinacad batin | bêbasane kaya wong guru alêman ||
36. Pangkur
1. kapungkur rèhing sujana | mrih marsudi [mar...]
--- 52 ---
[...sudi] utamaning dumadi | dadya mêndêng kadalurung | rumaras gung mangarang | rangu-rangu kapirangu gandrung-gandrung | kadêrêng rudahing driya | drawaya waspa gung mijil ||
2. kajarah manising ujar | manjing jroning jêjantung lir rinujit | jêjêt nèng jiwa jinujut | jêjangkrik pindha jongkang: gangsir | kaserenan ing rogasmara gung wuyung | nangsaya marang driyèngwang | wang-wang wèh lara prihatin ||
3. kang carma tumraping pada:sêtiwêl | kikiring ron wohe pindha waringin: rêmpêlas | yayi wêlasa maringsun | kang we wijiling netra: luh | sarpa krêsna: dumung kukuse ancala pingul: ampak-ampak | sapuluh dèn kapakêna | mung sira kang dadi pikir ||
4. pêkên alit urut marga: warung | atmajendyah ing Ngajrak Sri Bupati: Ismayawati | durung manira andulu | wanodya kaya sira | darunaning udaya: pasang kang suku jungkung: wêlah | apa sang rakiting solah | trêngginas Ambanowati ||
5. puspitaning ron damala: tuntut | basa kawi janma salaki rabi: krama | gonas-ganès nènès patut | gapyuk tur parikrama | wêdharing kang pangandika
--- 53 ---
sêmu cucut | ron anjrah: uwuh kang bale atma: ati | tur mundhak wuwuh rêspati ||
6. tulang tunjunging warayang: nyênyêp | rênyêping kang wadana nawangsasi | wisayèng panggusah lêmut: kêbut | murti gung gora sabda:têkèk | bangkekan lit mêmêt lir pendah binubut | mênyawak kang sabèng tirta: salira | sarira lurus aramping ||
7. wêlut arda mawa wisa: ula | mêndhung seta ngêndhanu nèng wiyati: mega | ula-ula ngula kakung | iga pêpêt tan bênggang | putêr wisma: dara wangsalan kang brakutut gung: dêrkuku | sangandhaping payudara | lir siniku amalipit ||
8. wangkawa tejaning tirta: kaluwung | wonga-wonga ngênguwung angawêngi | pratingkahe sarpa turu: nglêkêr | lêkêring payudara | paribasan wanodya tinilar kakung: răndha | pindha wohing tiris dênta | mawa prabawa nêlahi ||
9. garwa Sri Arjunasasra: Citrawati | citranira linuwih ing sabumi | wastra kang pisah sinambung: dimênjait | miwah jaiting netra | tapas arèn: duk kaduk lindri sêmu balut | unta lit mawa curiga: sapi | pipi andurèn sajuring ||
10. kêncana rêngganing waja: larap [la...]
--- 54 ---
[...rap] | larapanta laras nyela cêndhani | pandhita Islam wus wujud: wali | grana amali carma | tanaya Sang Mandraka mijil waruju: Rukmarata | rema mêmak ngandhan-andhan | mêlês lir pendah minangsi ||
11. wijiling sasăngka sumyar: dhadhari | dununging kang sêmbah mring yayah wibi: ujung | dariji angwuh ing tanjung | sasiliring dawêgan: siwalan | jagad wayang: kêlir kempol lir giniwal alus | pathining we wor lan mina: pêtis | wêntis ngêncana sinangling ||
12. kaca gêdhah tanpa rasa: ram | pêksi ingkang munya sabawèng ratri: tuhu | eram manira satuhu | waruju bauwarna: sinjanglaga | lamun nuju ngagêm sinjang lurik kêpyur | sotyadi rêngganing karna: sêngkang | sêmêkan prangrusak klithik ||
13. canthăka munggèng ancala: kongkang | sêngkang sungu cinêplik ing hèr gêni | wilapa purwane katur: ngalamat | atasik lêlamatan | puspitaning rondhon rumambat ing taru: êlung | gêlung gondhèl sawatara | isthane lintang rinujit ||
14. waktra Sang Rahwanaraja: Prahasta | kanang asta yayah gandhewa gadhing | jawata kadang Hyang Guru: Bathara Maya | walikat maya-maya [maya-...]
--- 55 ---
[...maya] | tarunaning dêling kang lagya tumimbul: êbung | lambunge ngalêntrèh mêmbat | mathênthêng lan cêthik manis ||
15. kang wastra tansah ingasta: usap tangan | kênya arga: endhang kawacaning kang pêksi: êlar | têmbaga carub mas lulut: suwasa | sapa kang kêlar nandhang | ingkang kadya gusti rasaning tyas ingsun | swarèng ngrat kang mijil enjang: rijal | sayêkti jalma linuwih ||
16. kiswa pangapit wadana: athi-athi | wohing arèn kang cinêncêm ing gêndhis: manisan | manising lathi buh-êmbuh | bupatya wil Ngalêngka:Prajăngga | maruta nis: silir dahana kang sabèng dalu: kêmamang | manglunging jăngga lir pendah | êlunging gadhung ngawêngi ||
17. kêncana pindha pusara: kawat mas | kêmbang biru ingkang sinêbar margi: talasih | liwat kaniayanipun | mring dasih tanpa wêlas | rêsi muksa: dewa sêndhang gêng jroning kadhatun: sumur | wit timur têkèng diwasa | tansah akarya prihatin ||
18. rajungan kang tamèng raga: yuyu | kasut kayu: gamparan nata angênya puri: jêngkar | paran karsanta wong ayu | wiwarendra sajuga: srimanganti | sun antèni yayi ing salaminipun | kang sela
--- 56 ---
panglawêt gănda: pipisan | tan pisan bisa liron sih ||
19. kara gung kang pindha kangkam: loke | loking jana waru jêne wanadri: timaha | bibis tasik: undur-undur nora mundur | matia sun têmaha | lintang kisma: konang roning gêbang kang binêsut: agêl | nanging pêgêling tyas ingwang | kalingan samodra gêni ||
20. paran gon ingsun anyabrang | dadyanjêjêr nèng têpining jaladri | wau ta upaminipun | Sang Jumiriltênaya: Umarmaya | marma gusti wêlasa mring kawlasayun | rêjasa kang pindha warna: timah | sayêkti nêmahi pati ||
21. sèwu-sèwu kang asunga | amrih mulya yayi laraning kapti | tanpa karya mundhak wuwuh | kabèh barang tontonan | kêmbang-kêmbang tur iku băngsa rum-arum | tan dadi rasaning driya | tuwin wastra busanadi ||
22. tan ngrasuk sariraningwang | mundur têka saya ngranuhi branti | tan ana liyan kadulu | amung sang musthikèng dyah | kang kumantil-kantil nèng têlêng jêjantung | sumusuping iga wêkas | kêkutha graning pangaksi ||
23. kalayan lêyêping tingal | pêpujanku bisa wèh lara sêdhih | apa sun karya panglipur | usada mêndha
--- 57 ---
brănta | sruning wuyung wangwang ngimbuh ulat nglayung | wangkawa ngawêng mradipta | mèh sun sêngguh sira yayi ||
24. ingkang nitih tejèng tirta | praptèng tuwuh baskara manjing wukir | ginantyan padhanging santun | maring tranggana sumyar | sru ngalênyêp kesisan ima mrih naput | èngêt manising wadana | cahya anuksma ing sasi ||
25. kang sun pindha jênêngira | jroning tilam bantal pangapit kering: guling | pan sira singêbing kampuh | tyas ngong datan rumasa | yèn gêguling prasasat sira maujud | mangkana wêdharing cipta | priyêmbadanira mijil ||
26. dhuh yayi yam-yaming tilam | pêpujane pun kakang wong jêkining | nimas paran sira bêndu | pagene tan ngandika | dhuh lae dhuh adhuh paran dosanipun | dasihe dèn jarwanana | aywa gung paring prihatin ||
27. eman-eman yayi eman | wus sarea yayi nèng asta kering | pan sarwi lukara gêlung | miwah sêsêngkangira | sun slêmpitne nèng kajang sirah wong ayu | dhuh babo pagene sira | têmah sumungkêm gêguling ||
28. prayoga nèng jajaningwang | dimèn nular gandanta kang ngasturi | apuranira wong ayu |
--- 58 ---
muga dèn lilanana | mamrih kiwul rukêting kang among lulut | sumungkêming wonga-wonga | sêlaning pambayun gusti ||
29. saiba sukaning driya | nora ketang yayi marganing pati | nêmpuh byat têmah ginuntur | yèn sira mamrih lina | sakarsanta dasihe sumanggèng kayun | amung panyuwunku nyawa | aja kopêndhêm ing bumi ||
30. sun wêdi bok ana ula | tabêlanên yayi nèng kasur sari | gêlonana ing pambayun | kijingên wêntisira | lurubana sêmêkanta wukir santun | siramên ing găndawida | wurungna marganing pati ||
Mêngkunagara, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ... Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ingkang kaping V ing Surakarta = P.B. X., panêmbrama dhumatêng ingkang raka Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana = (M.N. V)
37. Sêkar Puspawarna Salendro pathêt manyura
1. wahyaning kang: gitaya sukaning driya | sang narendra putra | ruming kang rasmara | sinawung pradăngga | lagu puspawarna ||
2. kang pambagya Jêng Gusti Pangran Dipatya | Nom Mêngkunagara | dènira [dè...]
--- 59 ---
[...nira] sumewa | lumêbêt ing pura | wong agung kang raka ||
3. Sang Nararya Jêng Gusti Pangran Dipatya | Prabu Prangwadana | sami suka rêna | dènirarsa samya | kasukan warastra ||
4. pajampuwa dhuh Allah kang maha nasa | kamas winidada | sinunga raharja | prasidha bipraya | kang budya rèh darma ||
5. astamaning nala datanpa upama | de mangayubagya | mring ari lêgawa | dahat sun tarima | purnaning kang sabda ||
6. yayah kadya jawata samya nêdhaki | suka pangastawa | nganti jaya-jaya | mring lêstarinira | kang ambêk utama ||
7. pra satriya sumiwi jrah lir puspita | lumantar asuba | kalangênan samya | warayang kang mimba | rinêngga ing swara ||
8. itih Tumpak lèk dwi dasa juga | wulan Dulkijah Be warsa | ri sangkalanira | osiking wardaya | ingkang murti tama = 1816 |[21]|
id. Konjuk ingkang rama, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan (P.B. IX)
38. Dhandhanggula
1. sêmbah ulun pangeran dipati | mugi konjuk ing pada narendra | kang mêngku Surakartane | kawula nuwun sampun | anampèni [anampè...]
--- 60 ---
[...ni] patêdhan tulis] | kang tumrap jroning cabak | suraosing kidung | kanthi wang krêtas salêksa (zie Wiraiswara blz 243) | sakalangkung patêdhan dalêm kapundhi | sih nata parimarma ||
2. dhawuh dalêm kinèn minangkani | busanane biyada kawula | mrih tan mèri sadayane | supadi samya suyud | awit saking brêkah narpati | lumuntur sumarambah | sawêwêngkon ulun | tulusing suka pirêna | mrih samya yêm ing driya têntrêm prasami | dening sang sri pamasa ||
3. titi konjuk malêm Sukra Paing | ping nêmbêlas lèk Jumadilawal | nuju warsa Jimakire | Galungan ingkang wuku | măngsa sapta ingkang lumaris | căndra sangkalanira | wau kang winuwus | salira putrèsthi raja = 1818 |[22] wus palêstha kawula Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara ||
Mangkuwidaya, Radên Mas Panji ... putranipun Bêndara Radèn Ayu Mangkudipura, putra dalêm P.B. V rêrêpèn larasmara.
39. Kinanthi
1. mardya kawuryaning kayun | mangripta langêning èstri | kang nêdhêng olah sarira | amêmatut busanadi | dinupan rinatus gănda | gandaning cêndhana sari ||
2. sarira mrih arum-arum | rumêsêp [ru...]
--- 61 ---
[...mêsêp] raras gănda mrik | manuksmèng angga kawangwang | wêwangunaning mêmanis | manuhara mawèh rimang | mumpuni ing solah liring ||
3. liring puspa mêndhang ranu: pêtha | wus kapêtha yèn dyah adi | biraji nata seluman: Aspandriya | pratama wimbaning sasi: purnama | ninging driya paripurna | susilèng solah rêspati ||
4. ukara rarasing kidung: lagu | mung lagune milangoni | wowohan winor sarkara: manisan | teja lumarap nut riris: kilat | jêtmika manising ulat | sumunu anyipta rêsmi ||
5. rêsmining nganggèsmu ruruh | lung-lungan tejaning warih: kaluwung | sotyadi mangrênggèng karna: suwêng | kêkuwunge manawêngi | tlaga pangruwat cintraka: tlaga nirmala | nirmala lalu dumêling ||
6. lingkabing jalada têdhuh: sumilak | sumilak wilêt malatsih | sanityasa mawèh rimang | kukiladi busana sri: mêrak | mêrak ati sêmunira | si gêndhuk andudut ati ||
7. kukilambêk mahawiku: suwari branti | pantês bisa gawe branti | sirat sarining bramara: madu | lir madu mêrdu mêmanis | sêkar adi sinukarta: rinujit | si gêndhuk angrujit ati ||
--- 62 ---
8. sota wimbanirèng kalbu: angên-angên | dwijendra kelasa ardi: sêmpati | ngangêni rêspatinira | rarasing gita mawèh sih: sumèh | sumèh sêmune prasaja | si gêndhuk malangatèni ||
9. minarda drigamèng kêdhung: baya | sêkar kang mindha warsiki: păncasuda | wèh păncabayèng wardaya | lêlantaraning jêmparing: laras (= gandhewa) | yèn sun laras liringira | si gêndhuk mêmulêt ati ||
10. suku kang tikêl pinatut: sila | susila solahe wingit | tilarsa galak gandanya: bêngle | wiyangga sasanèng gisik: salira | sarirane maya-maya | si gêndhuk ambêngle kèris ||
11. kang jăngga lumunging gadhung | jaiting netra alindri | roning kamal warna wita: sinom | asramaning Pandhusiwi: Endrakila | rema mêmak ngendrawila | si gêndhuk sinome ngrawit ||
12. migêna kang samyandulu | wit kèlu sang mindha sasi | panêngran Natèng Singgêla: Wibisana | lata panguriping kapi: maosadi | èsême bisa wèh jiwa | si gêndhuk lir maosadi ||
13. titi panitraning kidung | ing ari Saptu marêngi | ping sapta wulan Ramêlan | putra Sri
--- 63 ---
Ngawănggapati: Warsakusuma | warsa Je sangkalanira | rasa sirna ngèsthi tunggil = 1806 |[23]|
Mêngkubuwana V
Sêrat wangsalan anggitan dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Khaliphatullah ingkang kaping V komandhuring ordhê Nèdêrlansê leyo, ingkang akadhaton ing nagari Ngayogyakarta Adiningrat, kaurutakên dênta ywanjananipun kados ing ngandhap punika.
40. Wangsalan
1. onêng brănta dirèng pulasing wadana | sun lêlipur amêksa kangên mring sira ||
2. onêng brănta lêlangse luhuring palwa | lênglêng mara kêna ing tuju layaran ||
3. onêng brănta panglêburan jagad traya | lir kiyamat raose manah kawula ||
4. ancur kaca waruju putra Arjuna | tanpa ngrasa wong mitra dudu sasama ||
5. ima-ima hèrnawa lumihèng wadya | ilènana bêdhahe sinjang kawula ||
6. ima-ima murcita asmara raja | nadyan iya aja lali mring kawula ||
--- 64 ---
7 ima-ima malirang sri kidèng wara | kaniaya priyayi cidra ngubaya ||
8. ima-ima garêbong pangirid kuda | marga rata wong loro arêreyongan ||
9. amintuna kulinèng sungi sapantya | anggaluyur yèn ana dhêmênanira ||
10. narpatmaja dewata papaning sastra | lamun trisna pangeran kirima layang ||
11. nilakăntha saroja ngêmbat sakata | gring kuwawa kangêne sapa nyandhanga ||
12. carik lănda dirèng kancinging warăngka | liyêr-liyêr wong dipantèk têngah bênêr ||
13. campur kakung nagarane Sawojajar | pepe saja awèta tak gawe kadang ||
14. rodamala: pyuhing kisma awiyada | lara mara tan waras dening usada ||
15. rêming driya panulak lara wigêna | pijêtana pêgêle lambung kawula ||
16. kunir pita anggana raras karêngtya | winanguna rusake paès kawula ||
17. kunir pita kang sela pangrêmak gănda | mati pisan [pisa...]
--- 65 ---
[...n] ing têmbe anèng paprêman ||
18. kunir pita saroja mangkara laya | kurang gawe amondhong dudu bojone ||
19. kunir pita lêmah dhuwur pangajaran | barêng têmu sagunung rasaning nala ||
20. kunir pita gêmbili wohe ngakasa | gadêbugan yèn ora katêmu sira ||
21. kunir pita bangawane wong Jakarta | amung dika kang dadi liwunging driya ||
22. konang yutan dahana munggèng salaba | damarana yèn dika mamang kawula ||
23. kondhang têpus manguswa asmaralaya | banjêt têmên si jênat yèn amicara ||
24. kêrtu lănda rana lit bisa wisaya | pan gumêtêr yèn dulu ungguling jaja ||
25. kukus gantung dirèng pulasing wong nyungging | yèn sun sawang mirah ayu warnanira ||
26. kawi buja kudhuping kêmbang cêpaka | sun lêlaga trêsnane saya katara ||
27. kelor wana puspita lêsah ing kiswa | layonira sun gawe têtămba brănta ||
--- 66 ---
28. kêmbang sana cundhuke para kusuma | gawe brănta wong ayu dinama-dama ||
29. kêmbang sari cundhuke para priyayi | putra adi kusuma anawang sasi ||
30. kêmbang soka biyadane Surakarta | kêmbên jingga sêmune agawe brănta ||
31. kêmbang sungsang biyadane wong Pacinan | gandhang-gandhang kang gawe edan kasmaran ||
32. kêmbang pepe kêmadhuh rujit godhonge | rawe-rawe kaya bedhang wingi sore ||
33. kêmbang jlamprang biyadane wong Mataram | gandhang-gandhang wong kuning anawang wulan ||
34. kêmbang jambe mayang mas ginubah sore | angrarondhe wong ayu akèh rêgane ||
35. kêmbang gadhung kacubung lara ngedani | amung dika kang dadi rasaning ati ||
36. kêmbang gadhung mondhang ing Arjawinangun | gandrung-gandrung kang agawe brănta wuyung ||
37. dodol gula wisa agung ing samudra | lali wonge nora lali tênagane ||
38. dumung ponthang mas taran wohirèng kamal | mêlang-mêlang [mêlang-...]
--- 67 ---
[...mêlang] tinggal bedhang nèng Samarang ||
39. tandya boja rinênggêp amêdhar asta | arsa apa miyak sinjang nyêkêl asta ||
40. tandya boja parang jaja ing wanita | miyak kêmbên prêmbayun dèn ucêl-ucêl ||
41. tirta langkyam wijil ingkang taru lata | lilakêna bojomu trêsna kawula ||
42. tatar rasa taruna mêne ing karsa | dèn aririh ing karsa măngsa sandea ||
43. tatar sara wi gêntya rimanging driya | durung têmu atiku poyang-payingan ||
44. tuwi warna Narendra Jayalêngkara | sun layari biyadane batuwarna ||
45. tawang tuna sumbaga munggèng curiga | swarga nraka yèn mati awora dika ||
46. teja warna asmara sinom pradapa | gawe brănta lêlancure wong Ngayogya ||
47. teja warna asmara miranggèng kuda | bagus têmên satriya kang têgar ika ||
48. teja warna tumamèng samudra laya | yèn sun sawang wong bagus patut wayuha ||
--- 68 ---
49. teja warna pujăngga utamèng sastra | bagus têmên satriya kang lagi maca ||
50. tyas ginonjing wungu guling puspa linting | benjing Paing sun adhang ing plêngkung gadhing ||
51. têmbung rêndhah dirèng kancinging wilapa | owêl têmên wong bagus tan arsa krama ||
52. senthe jurang narendra bramarasuta | cêkêlana ujarku măngsa cidraa ||
53. suranadi wilapa paraning ati | adhuh mati kinuswa raina wêngi ||
54. sara tirta dera kang jênitri krêsna | sapa cidra kithinga tangane kiwa ||
55. sari warna akasa tandya pralena | nora wingwang wong ayu sun tohi nyawa ||
56. sari warna asmara sandining sastra | lamun asih wong ayu kirima layang ||
57. sari warna binantya ngambara laya | aja takon bojomu anèng Mataram ||
58 surup cipta mursita asmaralaya | sun ganggune satriya sing têgar kae ||
59. surup surya rangkulu puja asmara | sabên dalu katon [ka...]
--- 69 ---
[...ton] ambantali asta ||
60. sarpa lulut bramara manguswèng puspa | adhuh pêgêl tinimpahan ing satriya ||
61. sari boja kudhuping kêmbang cêpaka | sun lalaga trêsnane saya katara ||
62. siti rêngka maruta miyos bang wetan | timur mula mung dika sun êla-êla ||
63. siwikara sadarpa manguswèng jăngga | dudu sanak angrangkul angaras jaja ||
64. siwikara sadarga mangrêgêm asta | nyandhak asta ngêmak-êmak payudara ||
65. siwikara pawêtya prawèndyasmara | nora krama sun pindha-pindha ngawula ||
66. siwikara Sang Parta nawang asmara | ladak têmên wong asănja dikêkudang ||
67. sela marta rasane toya samodra | wirang isin wus dadi tekat kawula ||
68. sêmang driya pêpêtêng awor asmara | dèn prayitna durung awas rainane ||
69. wadung jambe gurda gung kang munggèng praja | icipana mêsthi mringis tingalira ||
--- 70 ---
70. wulung wido kalana pêksi pradăngga | kalap karo kakangne karo adhine ||
71. lintang katon panglêburan jagad nala | jroning langse ajana rasa rumasa ||
72. layon patra puspita rumênggèng karna | yèn wanuha kaya ge sun sumpingana ||
73. layon patra mastara pulasing surya | yèn wanuha kaul midhang mring lipura ||
74. layon patra găndawida munggèng jaja | yèn wanuha kaya takbêborèhana ||
75. liyêp netra trênyuh gonjinging wardaya | wus lap-lapan gon ingsun kedanan sira ||
76. panji ngendra sudibya mangun turida | saya tuwa banjête saya katara ||
77. parta-parta asmara kang wilotama | angêngungrum lumaku didhêmênana ||
78. pêksi rota wanita munggèng sanggraha | angadhêpêk wong ngêkêp dudu bojone ||
79. pêksi krêndha maruta ngumbara laya | laki tanggung angur baya kadalêma ||
80. patra wisa pangining tom jênang sela | antêng adi jêtmika [jê...]
--- 71 ---
[...tmika] bisa ngawula ||
81. patra padma kang taru tarunasmara | lironana lunturing sih tan murcita ||
82. putêr giling barise wong kartadadi | wani mati kinêpung misih aguling ||
83. pasrangkara sasmita jayèng asmara | mung èsême kang gawe lara wigêna ||
84. pasrangkara wagyat riris sumarsana | swaranira agawe kêpyuring nala ||
85. puspa krêsna mina gung kang pindha sarpa | tulusêna wong ayu asih kawula ||
86. puspa teja akasa kalungsèn surya | mati nglayung labête dhêmên mring dika ||
87. puspa lulut gunung malang ing ngalèri | pêgat sihe durung tutug sêmayane ||
88. pisang wigar gapura sinupit urang | graitanên rêntênge manah kawula ||
89. palumpung bang têbu gunung rêrayungan | ragah-ragah kaya marang bêbojone ||
90. puja rêtna giwanging asmara laya | sun têtêdha wong ayu bangun turuta ||
--- 72 ---
91. pagut trêsna rêrêngganing murdanira | rênggos-rênggos kaya dhudha dhèk Pacina ||
92. pagut waja bale atma mina tikswa | garêgêtên yèn dulu lêlewa dika ||
93. ping sapuluh dirèng puspa jăngga warsa | sèwu dika sumandhing măngsa padhaa ||
dha
94. jait netra sasmita jayèng asmara | mung ulate kang gawe lara wigêna ||
95. jênang once kabayane pasar gêdhe | wis taktăndha dhêmêne kababar bae ||
96. janma trêsna murtining madu srêngkara | lamun asih kawula dèn balènana ||
97. jiwaningsih wiraga rimanging driya | dhasar ayu ayu têkan lêlewane ||
98. jiwa dadya pêpêtak lara wiyoga | pijêtana pêgêle lambung kawula ||
99. jambu alas sumbaganirèng sutagnya | kapok mara dicacak sajam ping sanga ||
ya
nya
--- 73 ---
100. manik arja wigêna nawang asmara | dipun lala aja cidra ing ubaya ||
101. mênyan seta imawap kokan manggănda | kapakêna kawula dhêmên mring dika ||
102. mênyan seta sasăngka purnamasadha | mêlok-mêlok wadanane gawe brănta ||
103. murdasmara kaliling miranggèng kuda | gawe brănta kang bêsiar turut marga ||
104. madu brănta mahantya tigas asmara | antènana randhaku kari rong dina ||
105. mayang măndra Narendra Jayalêngkara | layarana yèn dika asih kawula ||
106. gănda prana salaka nyênyêding basa | manis ujar padune wong durung kêna ||
107. găndayani mega bang asri mangrawit | karainan kêtungkul abêbedhangan ||
108. giwang nala kabyatan asmaratăntra | wus dhat-dhatan gon ingsun dhêmên ing sira ||
109. glana pantya prawegya sabda laêla | nora gawok padune wong durung kêna ||
110. guladrawa pranatanirèng pandhita | anggalunyah
--- 74 ---
dhêdhayoh ngajak kawinan ||
111. buron toya karêpu kang mawa teja | baya intên ingukir dadi andika ||
112. burat marta paraga nêmpur samudra | nora marêm yèn amung nyawang kewala ||
113. byating jiwa amitra dewaning priya | abot têmên wong laki dudu sasama ||
114. bayêm gatêl jênang sela saupama | dhasar antêng jêtmika bisa ngawula ||
115. bumiloka pulas sungging gayung tirta | warnanira sajagad tan ana mimba ||
tha
nga
Beekel W. van ... aan M.N. IV.
41. Sinom
1. sêrat konjuk ing paduka | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ping catur ingkang mandhiri | ridêring ordhê nênggih | Nèdêrlansên leyo tuhu | kolnèl ajudanira | jêng raja nagari Wlandi | komandhaning lègiyunira prayangga ||
2. sampuning kadya punika | wiyosipun kangjêng gusti | ingatasirèng agêsang | kang sami
--- 75 ---
rêmên marsudi | kawruh indhaking budi | pigunan sasaminipun | kang dhatêng karaharjan | pakangsalipun nyrambahi | gih punika kang dados karsa paduka ||
3. gèn paduka badhe yasa | kêstal kapaling prajurit | kapitadosakên kula | punika kinarya wiwit | dèntên benjing manawi | ing pakaryan sampun rampung | botên ngêmungkên dadya | pratăndha indhaking nagri | amiyarkên yitnaning putra paduka ||
4. rèhning pitados paduka | dhatêng kawula nglangkungi | bilih botên makatêna | badhe ngrêndhêtkên pakardi | pramila kangjêng gusti | kawula saklangkung nuwun | dhumatêng jêng paduka | tuwin dhatêng para abdi | ingkang sami nyondhongi rêmbag punika ||
5. dèntên ing mangke kawula | inggih badhe anuhoni | dhatêng kawajiban kula | amêrlokkên nambutkardi | sasagêd-sagêd murih | ing rèh enggalipun rampung | padamêlan punika | wit sampun samêkta sami | pitulungan paduka tan kêkirangan ||
6. paduka têdhak mariksa | pasanging talês capuri | saklangkung bingah kawula | botên wontên kang nyamèni | kula nglairkên kapti | sè-wu-sèwu [sè...]
--- 76 ---
[...wu-sèwu] ing panuwun | awit paduka karsa | rêkaos rêmên jênêngi | padamêlan kang kenging lajêng kagarap ||
7. lan malih kintên kawula | dados kêparênging galih- | ipun Kangjêng Tuwan Bêsar | Guprênur Jendral Batawi | ingkang dipun pracadi | jêng raja kang maha agung | nagari ing Nèdêrlan | tuwin kang dèn pitadosi | dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana ||
8. Guprênur Jendral India | kang pilênggah wontên ngriki | ngresidhenan Surakarta | miwah para agêng sami | awit paduka galih | kawajiban ingkang pêrlu | myang ngatingalkên karsa | dhumatêng ing pamarsudi | amêmalad manahe wadya paduka ||
9. karsa paduka tan taha | jênêngi dènnya murwani | pasang talêsing wiwara | punika kawula pundhi | pantês kula urmati | amargi ing benjingipun | dados pratandhanira | dayaning tyas mrih utami | kanyataan tumrap ing Mangkunagaran ||
10. gèn kula darbe paminta | ing paduka sampun lami | rambah-rambah tur kawula | ing salajêngipun inggih | paduka anglilani | botên ngêmungkên kang sampun | kewala padamêlan | ing têmbe
--- 77 ---
yèn wontên malih | kula èstu angangkah sudaning arta ||
11. ing têmbe bilih kawula | andarbèni atur malih | amêminta padamêlan | manawi parêng ing galih | kang sarta dèn idèni | samia kados kang sampun | winantos sih wilasa | lir angganing palarêsmi | supadose enggal angundhuh wohira ||
12. rèhning pakaryan punika | ing mangke sampun sumaji | sampat sapirantosira | paduka karsa jênêngi | mila bilih marêngi | atur kawula pukulun | paduka murwanana | ngêtrapkên banon satunggil | tapak asta punika măngka pusaka ||
13. nahên ta ingkang punika | ing mangke kawula malih | nglairkên èsthining manah | kalayan têmbung sadêmi | ing paduka sang pêkik | Jêng Pangeran Arya Prabu | Prangwadana kang măngka | pandaming kang para dasih | ulunane satriya Mangkunagaran ||
14. sanadyan mangke paduka | maksih timur ingkang wanci | pantês tumut jênêngana | wontên pasamuwan ngriki | kenging winastan ugi | punika pandamêl pêrlu | awit paduka benjang | ingkang badhe anggêntosi | kalênggahanipun ing rama
--- 78 ---
paduka ||
15. dadosing sawarninira | pranatan indhaking nagri | yasanipun rama tuwan | punika ingkang upami | wuryaning karang kitri | sangsara duk nanêmipun | dupi wus kalêksanan | ngrêmbaka ayom ngayêmi | wêdaling woh kang badhe ngundhuh paduka ||
16. sampun kenging katamtokna | bilih paduka ing benjing | tumulat lampahanira | rama paduka jêng gusti | kang sampun kula srêpi | pribadi arja satuhu | makatên pamintamba | saupaminipun benjing | jêng paduka ngarsakkên damêl kawula ||
17. kula badhe tan lênggana | cumadhonging siyang ratri | kalayan têmêning driya | wusananipun kintaki | winastan wantu mawi | urmat ing wilujêngipun | jêng rama ing Nèdêrlan | ugi nagari Walandi | lêstantuna ing sagarwa putranira ||
18. têlasing atur kawula | kang sampun kawrat ing tulis | muhung minta pangaksama | cinitra ing Dite Manis | Jumadilawal ping tri | taun Dal sangkalanipun | trustha wuk sela tunggal = 1799 |[24] katandhan kang murwèng kardi | W. pan Bègêl arsitèk nagri Samarang ||
1 | Tanggal: Soma (Sênèn) Manis (Lêgi) tri wlas (13) Mukaram (Sura) Alip: satriyèku ngèsthi aji (AJ 1811). Tanggal Masehi: Senin 5 Desember 1881. (kembali) |
2 | cintaka. (kembali) |
3 | wahananing. (kembali) |
4 | Tanggal: sinawung ing nirmala turăngga jati (AJ 1790). Tahun AJ 1790 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Juli 1861 sampai dengan 27 Juni 1862. (kembali) |
5 | Tanggal: janma trus kaswarèng bumi (AJ 1791) Tahun AJ 1791 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Juni 1862 sampai dengan 17 Juni 1863. (kembali) |
6 | Tanggal: nêmbah trus sukaning budi (AJ 1792). Tahun AJ 1792 jatuh antara tanggal Masehi: 18 Juni 1863 sampai dengan 5 Juni 1864. (kembali) |
7 | Tanggal: songsong gora candra (AJ 1799). Tahun AJ 1799 jatuh antara tanggal Masehi: 3 April 1870 sampai dengan 22 Maret 1871. (kembali) |
8 | mirong. (kembali) |
9 | Tanggal: Kêmis salikur (21) Ruwah Wawu: tri pura giri tunggal (AJ 1793). Tanggal Masehi: Kamis 19 Januari 1865. (kembali) |
10 | Tanggal: Saptu lima likur (25) Jumadilakir Je: salira trus sabda tunggal (AJ 1798). Tanggal Masehi: Sabtu 2 Oktober 1869. (kembali) |
11 | Tanggal: Rêspati (Kêmis) sapta wlas (17) Rêjêp (Rêjêb) Jimakir: rasa buja wiku aji (AJ 1786). Tanggal Masehi: Selasa 2 Maret 1858. Pada bulan Rêjêb AJ 1786, hari Kêmis jatuh pada tanggal: 5 (Kêmis Kliwon), 12 (Kêmis Paing), 19 (Kêmis Wage), dan 26 (Kêmis Lêgi), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Kêmis 2, 12, 19, atau 26 Rêjêb AJ 1786 (18, 25 Februari, 4, atau 11 Maret 1858). (kembali) |
12 | nuwila. (kembali) |
13 | purba. (kembali) |
14 | Tanggal: Buda (Rêbo) catur (4) Saban (Ruwah) Alip: tri bagêna brahmana kastha (AJ 1803). Tanggal Masehi: Rabu 16 September 1874. (kembali) |
15 | Tanggal: Sukra (Jumungah) patlikur (24) Jumadilawal Je: ninging cipta ngèsthi tunggil (AJ 1811). Tanggal Masehi: Kamis 13 April 1882. Tahun AJ 1811 adalah tahun Alip dan bukan Je. Perbedaan satu hari (Kamis versus Jumungah) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
16 | Tanggal: mulat nata ngèsthi siwi (AJ 1812). Tahun 1812 jatuh antara tanggal Masehi: 12 November 1882 sampai dengan 1 November 1883. (kembali) |
17 | Tanggal: Anggara (Slasa) nêmlikur (26) Dulkangidah Be: karaos nunggil sarira jêng gusti pangran dipati (AJ 1816). Tanggal Masehi: Selasa 16 Agustus 1887. (kembali) |
18 | Radèn. (kembali) |
19 | boya. (kembali) |
20 | lathi. (kembali) |
21 | Tanggal: Tumpak (Sêtu) dwi dasa Dulkijah (Bêsar) Be: osiking wardaya ingkang murti tama (AJ 1816). Tanggal Masehi: Jumat 9 September 1887. Perbedaan satu hari (Jumat versus Sêtu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
22 | Tanggal: Sukra (Jumungah) Paing nêmbêlas (16) Jumadilawal Jimakir: salira putrèsthi raja (AJ 1818). Tanggal Masehi: Jumat 18 Januari 1889. (kembali) |
23 | Tanggal: Saptu (Sêtu) sapta (7) Ramêlan (Pasa) Je: rasa sirna ngèsthi tunggil (AJ 1806). Tanggal Masehi: Sabtu 15 September 1877. (kembali) |
24 | Tanggal: Dite (Ngahad) Manis (Lêgi) tri (3) Jumadilawal Dal: trustha wuk sela tunggal (AJ 1799). Tanggal Masehi: Senin 1 Agustus 1870.Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |