Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 43–77)
1. | Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01–42). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan. |
3. | Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 43–77). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Horêg sagung nayaka ingkang sami anangkil prajurit yaksa tuwin manungsa. Sami narka wontên karya. Mangkana lampahnya Ditya Kala Dirgăngsa dupi prapta ing ngarsa nata, angeka pada, rupèpèh-rupèpèh kadya sata arsa mèmèti, pantês tan ana memba. Dhasar ditya tau tate amungkasi karya. Sambada gung luhur barêngos capang, godhèg wok simbar jaja, jamang mas sungsun tiga kinancing ing grudha mungkur grudha mangarêp, sinung utah-utahan roning bêndha. Anting-anting mas, kêlat bau, gelang kana gêlang găngsa akêroncong, kampuh kinonang parada mubyar, ulat galak kadya singa binasahan. Mangkana pangudasmaraning driya: E bojlèng-bojlèng baya ana karsane apa gustiku kadingarèn amiji marang aku.
Pangandikaning Nata lan Bupati Yaksa
Ratu : Aja dadi kagèting atimu bocah buta kowe sun piji ana ngarsaningsun.
Buta : Sakalangkung andadosakên guguping manah kula, sarêng anampèni timbalanipun ingkang sinuhun, kadyangganing tinêbak ing mong tuna sinambêr ing gêlap lêpat, kêpyuring manah kadi ningali calèrèt dangu tan mirêng ungêling gêlap, dupi kawula dumugi ing ngabyantara nata, patikbra datan darbe manah kuwatos, asrêping driya kadi siniram ing toya marta. Ratu : Apa mulane kowe ana ing jaba dadi gêtêring atimu, barêng ana ngarsaningsun sirna kabèh marasing atimu. Buta : Kula noknon, amila ingkang abdi wontên ing jawi sakalangkung gêtêring [gêtêr...]
--- [44] ---
[...ing] manah, bokmanawi ingkang abdi amanggih kalêpatan badhe karsa mundhut pêjah gêsang kula, amung sumăngga ing asta kêkalih, kula noknon.
Ratu : Iya bangêt panarimaningsun, dene sira angaji-aji angluhurake panjênêngan ingsun, mulane kowe tak timbali, aja kowe katênta yèn nampani ganjaran, prabot sarta gêgaman kang bêcik anggone, iku ora pisan, bêbasan adoh lintang sawat abalang kayu nglêngkara yèn ngênanana kang mêsthi lupute.
Buta : Kula noknon, sajrah saangin-angin sarikma pinara sapta, sagluguting kolang-kaling, ingkang abdi botên pisan-pisan manawi angajêng-ajêng gêganjaran, ingkang kula cadhang rintên kalawan dalu namung pandamêlan ingkang awrat, tuwin lumampah ingkang têbih ngrupak jajahaning mêngsah angrangsang ingkang inggil, manawi putung kabalang karêmuk kasawurna, kula noknon.
Ratu : Iya bangêt panarimaku, yèn kowe angarêp-arêp panggaweyan abot ana pêrake. Samêngko kowe sun utus marang laladan tanah Jawa. Layangku iki aturna marang Sinuhun ing | ... | ingkang jêjuluk Prabu | ... | mungguh surasane aku angêbun-êbun esuk ngudan-udan sore, nyuwun Dèwi | Anu |.
Buta : Kula noknon, inggih sandika. Sarèhning kang abdi dèrèng sumêrêp prênahipun nagari ing | anu | punika ing pundi, kalih dene ingkang abdi punapa klilan mawi kanthi.
--- [45] ---
Ratu : Iya tak lilani gawa kanthi akèh aja karowan thithik aja kasêpèn.
Buta : Kula noknon, inggih sandika. Rampung timbalanipun gusti kula ingkang sinuhun, ingkang abdi lajêng nyuwun madal pasilan, ing sawingking kula sinuhun amanggiha suka, pun Pralêmba nyuwun pamit pêjah.
Ratu : Sira boya ingsun kon angejapati,[1] ingsun kon pintêr lêlungsèn ingsun bakali. Ora liwat kurange nggon ingsun dhahar lan nendra dadia pasumbang raharjaning lakunira.
Buta : Kula noknon, inggih dhatêng kapundhi, ingkang abdi prasasat kaparingan jimat paripih.
Ratu Buta
Anênggih gantya kocapa, ana gêmpalaning kăndha babakan anglayoni. Kalêbu têturutane nanging seje caritane. Titahing Hyang Girinata, wontên ing nagari tanah sabrang, ingaranan nagari ing | anu | ajêjuluk Prabu | Anu | asipat raksasa, gung luhur pangawak pindha prabata, tutuknya kadya guwa. Yèn sêgu kadya gêlap, yèn ngandika gumlêgêr kadi gludhug, netra kaya surya kêmbar. Ing mangke marêngi dina Rêspati sang nata miyos madyaning pandhapa, alênggah dhampar dênta, dèn ayap para rasêgsi. Ingkang ngampil-ampil upacaraning kaprabon. Apa busanane [bu...]
--- [46] ---
[...sanane] yèn miyos sinewaka. Rigma gimbal dèn ore, jinamangan sungsun tiga, kinancing ing grudha mungkur grudha mangarêp, sinăngga ing praba, ulur-ulur naga kang ngangrangan. Agêgêlang kêlat bahu sarpa raja, akêroncong nagapasa. Kampuh parangrusak barong sinulam ing prada, ukup renda, calana cindhe puspita. Tinon lir pendah Bathara Kala rikala arsa nglêbur jagad. Mangkana pagêdhongan sri narendra supêna wus[2] kalihan putri ing | anu | sampun carêm karon asmara. Sawungu nendra kunjana papa brăngta dening supêna. Sang nata sawêg katahman badra irawan, badra mêndhung irawan sasi, kadyangganing wulan katiwênging mêndhung. Rêntênging driya sri bupati margi saking supêna dhaup kalihan putri ing | anu | kang kêkasih Dèwi | Anu | ingkang dados lênging driya tansah gumantung wontên padoning netra. Rinasa saya karasa, ginugu saya ngranuhi. Têmah sadina-dina asalin pratingkahe, gingsir ing kaèngêtane.
Sintên ta ingkang munggwing ngarsa narendra. Inggih punika panungguling wadyabala, ingkang nama êmban Pratignyawati. Sanadyan rasêksi luwih limpad ing wiweka, sambada tarincing cancut, prawira măndraguna, tate amungkasi karya. Dene ing palataran tuwin ing alun-alun jibêg ingkang sami anangkil, kadya giri jêjagongan. Warna-warna pratingkahe, ngatingalakên kasudirane. Ana kang onclang bêdhama, gandhi kalawai, parasu limpung myang candrasa. Tibane sami tinadhahan gêgêr tuwin jaja. Wus watak watêking yaksa bèr kuwanen tan darbe rêringa
--- [47] ---
ambêg sura dakdir tan darbe dêduga. Mung êmban Pratignyawati kang tansah angulatakên solahing nata. Sakalangkung sungkawa manahe, anyundhul atur wali-wali datan piniarsa.
Babo mirahe si kakang dhewe. Kêmbang soka kang pradapa wungu. Baya mirah baya intên sun puja dadi sira, gêndhuk.
Yam yam tilam prajiwatan kang sawang rêtna ingukir. Ukiran rêtna kumala. Sun pêpuja dadi sira.
Dênawa Cakil Nungsung Pawartos
Cakil : Hèr mina kata, hèr toya, mina ulam, kata pangucap, kadidene ulam kasrambah toya agung. Rayi dika nungsung pawartos, ki raka.
Dênawa Bragalba lajêng nyukani wêrtos saprêlunipun manut punapa lampahanipun
Cakil : Togog wis banjur ondhangna marang prajurit karang kabutan, klèk-êngklèk balung tandhak, buta kang ana ing guwa lêmah miring, pagupakaning warak, pakiponing mêrak, padha konên dandan budhal marang tanah Jawa dina iki.
Togog : Inggih sandika kyai, rèhning yaksa sawêg nêmbe punika kula kang
--- [48] ---
dhawuhi manawi kirang pitados kadospundi.
Cakil : Aja uwas pikirmu Gog, yèn ana kang wani mbalèkake prentahmu, kowe tak wênangake anjarah rayah sabetak rajakayane.
Togog : Inggih sandika kyai. Ayo Sarahita ondhang mring karang kabutan (aruthokus)
Ada-ada
Wau ta Lurah Wija Mantri, tuwin Sarahita sampun ondhang prajurit yaksa, dangu dèrèng angumpul. Enggaling cinarita Lurah Wija Mantri laju minggah pêpanggungan, anabuh têngaraning buta. Gêntha kêkêlèng salumbung gêdhene, tinêmbang munya angangkang. Lêpasing swara kapyarsa lêlakon sawisaning gawe. Para danawa kang myarsa gugup prapta gumriwis. Kang nuju lêlungan krungu swaraning têngara cangkelak bali asikêp gêgaman. Apa gamaning buta. Gandhi dhêndha lori parasu limpung musala myang candrasa, wênèh yaksa angrakit swandana. Apa tungganganing buta. Sênuk mèmrèng.
Sambêtipun sênuk memreng ing ngandhap Punika
Blêgêdaba adal-adal warak macan, gêrêng-gêrêng kang anunggang klokor-klokor tunggangane. Tur padha amăngsa janma, karya giris kang ningali, dupi samakta dlasan sadêdamêlipun, (ada-ada) Togog matur, sampun Kyai.
Măngga ki raka mupung enjing lak lampahing baskara.
E dawêg, ping:3
--- [49] ---
Pratapan
Ing mangke gantya kocapa, pratapan ing wukir Ratawu. Sintên bêbisikira sang mahawiku, anênggih sang Bagawan Abiyasa iya Rêsi Dipayana, pandhita kinasihan ing jawata kinamulan[3] widadari. Dhasar trahing awirya, wijiling atapa, sidik paningale, wruh sadurunge winarah. Awit dènira anggêntur tapa, awit timur dumugi samangke tan ana pêdhote. Wantune wus katarima kasutapane. Wêkasan ing padhepokan sakalangkung dènira singit, apa tandhane singit, sakathahing ibêr-ibêran datan purun angungkuli ing padhepokan. Kêna ingucapêna barat angisis udan apiyak, mêndhung angèmpèr.
Mangkana sang mahayêkti sawêg amarêngi pinarak ing madyaning pandhapaning padhepokan, dèn adhêp para intung[4] galuntung, cantrik wêwasi manguyu ajar jêjanggan, aglar munggèng ing ngayunan, sintên ingkang lênggah cakêt mungging ngarsa, anênggih punika ingkang wayah satriya ing Madegănda, ingkang akêkasih Radèn Pamade. Satriya bagus warnane anom dhasare karêngga dening busana. Dhasar trahing Saptarêngga, kinasihan ing jawata, kinamulèn ing widadari, dhasar sêkti măndraguna, sênêning cahya, lir pendah jawata Hyang Kumajaya. Mangkana sadangunya wontên ing ngarsane sang pandhita, tansah lênggah mabukuh, angliring sêmuning kang eyang bilih karsa aparing pangandika. Anadene kang dumunung wontên ing wuri punika, Ki Lurah Sêmar sapranakane. Nala Garèng Petruk, anggung dènira gêgujêngan anggêga kajêngipun piyambak.
Mangkana sang mahawiku, sowanipun ingkang wayah andadosakên [andadosakê...]
--- [50] ---
[...n] kagèting panggalih. Kawistara sêmuning netya. Kang wayah kadi nahên sungkawa. Mangkana panglocitaning wardaya ingkang botên kawijil, apa wadine mas putu dene tumêka kene iki, mokal yèn ora susah atine.
Lêgêging tyas sang pandhita, duk miyarsa ring aturira kang wayah angêrês ing driya.
Suralaya
Ing mangke gantya kocapa, kahyangan Jonggring Salaka, iya ing Pêparewarna, Pêparewarna inggih ing Ari Bawana, ingkang misesa datan wênang yèn winisesa, wênang murba boya wênang yèn dèn purba, wênang yoga datan wênang yèn dèn yoga, wênang gawe boya wênang yèn dèn gawe. Sintên ta jêjuluking jawata, abêbisik.
1. Sang Hyang Pramèsthi Guru dene ginuru ing jawata, dewa dèwi
2. Sang Hyang Nilakăntha dene kagungan cacad toh seta ing tênggak, rikala para jawata samya nginum tirta calkuthana.[5]
3. Sang Hyang Siwahbuja dene astanipun sakawan.
4. Sang Hyang Girinata dene ngadhaton ing swarga, makayangan pucaking aldaka.
Ing mangke Hyang Pramèsthi Guru lagya lênggah ing bale markata, pêpak para jawata ingkang sami anangkil, dene ingkang lênggah cakêt munggèng ngarsa, jawata ing Suduk Udal-udal, kang anama Rêsi Naradha, ya Sang Hyang Kanekaputra.
--- [51] ---
Mangkana Sri Paduka Hyang Girinata dahat tikbraning galih, dene swarga kataman ing gara-gara dahat arda gonjing ing Suralaya, kawah căndradimuka kadya kinêbur kocak têlênging gambiralaya, ing bale Marcukundha kaya rubu-rubuha,[6] mingsêr wot si ogal-agil, mangkana para widadara widadari samya kagegeran, kadya gabah dèn intêri, wêkasan marêg ing ngarsane Sang Hyang Pramèsthi.
Pangandikanya Bathara Guru lan Rêsi Narada
Guru : Kakang Rêsi Naradha.
Nrada : Banthèng Adhi Guru.
Guru : Kadipundi kakang Naradha saure kok banthèng.
Nrada : Ênggèh adhi Guru. Banthèng kêbon wontên pênapi
Guru : Kakang Rêsi Naradha, kita jawaba pênapi kang amawa gara-gara, dene mawantu-wantu.
Nrada : O êng êng, brêgênjong-brêgênjong tak hong kali gowang growong kali paraga, kali cude sapa dhing gawe, o ah ah ah ah, sun abadhe Adhi Guru bangêt susahe, awit kawistara lênguk-lênguke, punika dèrèng adhi Guru. Gênging gara-gara ing mangke kirang sakêdhik jawata sami kuwalik.
Guru : Kakang Rêsi Naradha, pênapi kita bungah yèn ulun susah. Tinanya boya amadhangêna, mundur angerang-erang, pênapi kita lumaku kajaba para jawata kabèh.
Nrada : O ah ah ah ah, Adhi Guru, ulun nyuwun pangaksama ingkang agung, (punapa kali code)
--- [52] ---
awit pun kakang sampun kapatuh rêmên gêgujêngan, awit anèm dumugi samangke.
Guru : Kakang Rêsi Naradha, wus sêdhêng padha tuwa amarènana sasêmbranan, lah mara tarbukaa ingkang akarya gara-gara.
Nrada : Kula non, manawi Adhi Guru andangu ingkang karya gara-gara, titahing Hyang pun | anu |.
Lajêng manut punapa lampahanipun, kados ta manawi lampahan Palasara, Narada anggènipun matur dhatêng Bathara Guru kados ing ngandhap punika.
Nrada : Kula non, manawi Adhi Guru andangu ingkang karya gara-gara, titahing Hyang pun Palasara, ingkang mratapa wahdat wontên pucaking giri Saptarga, sangêt anungku sêmèdi, sêmu sampun katarima, tuwin yogyaning ulun pun Durgandini, ing ngajêng nênuwun ing dewa sirnane gènipun anandhang gănda amis, angsal sasmita kinèn nambangi ing banawi Silugangga, ing têmbe badhe sirna waluya. Amila lajêng dipun lampahi anambangi. Punika ing sêmu ugi sampun katarima. Marma gara-gara sansaya agêng. Botên langkung kula sumăngga Adhi Guru. (Pathêtan)
Guru : Kakang Rêsi Naradha, puniku boya kêni, yèn ta Si Palasara ngantia wahdat, marga wus pinasthi karsaning Hyang Murbèng ulun. Trahing Wisnu Brama kang bakal anêdhakake ratu ing nuswa Jawa, lan wus ingsun pacang dhaupe lan Si Durgandini.
Nrada : Lah Adhi Guru kadospundi karsanipun kula sumăngga, rèhning ing mangke
--- [53] ---
pun Palasara kalih pun Durgandini sêsarêngan ing sêmu sampun sami katarima gèning amêminta salêbêting pamuja.
Guru : Kakang Rêsi Naradha, kajaba ulun piyambak tumurun marang pratapan, kita tumuntura angrancana Si Palasara.
Nrada : Kula non inggih sandika.
Ngamarta
Ing mangke gantya kocapa, ing nagari Ngamarta, iya ing Cintakapura. Sintên ta dasanamane kang jumênêng nata. Ajêjuluk Prabu Kuntadewa,[7] iya prabu Darmakusuma, ya Prabu Gunatalikrama, ya Prabu Darmawăngsa. Narendra kinasihan ing jawata, kinêmulan widadari, awit lêlabuhanira tansah angêgungakên paramarta, asih ing dasih, ambêg pinandhita, lila ing dunya tega ing pati. Ratu ambêg santabudya, asih ing pujastuti. Mungguh dêdanane tuhu tan kêna winanci. Amila sanajan nagari alit kinèringan ing ngamănca. Wingit karatone, bêbasan barat angisis udan apiyak, mêndhung angèmpèr, yèn ta ginunggunga kawibawan tuwin kaluhuraning karaton sayêkti tan ana pêdhote. Ing mangke wong agung ing Ngamarta miyos madyaning pandhapa, amawa teja mancorong kadya lintang karainan.
Wondene ingkang pinarak munggèng ngayunan, inggih punika ingkang rayi panênggak, satriya ing Tunggul Pamênang, ingkang kêkasih Radèn Arya Wrêkudara. Sarira jênar blêngah-blêngah, gung luhur gagah prakosa, sambada prakosa
--- [54] ---
ing ayuda, tate amungkasi karya. Tinon nganggrang, lir pendah lintang bimasêkti.
Anadene kang pinarak ing wurinira, punika ingkang rayi Pamade satriya ing Madukara ingkang kêkasih Radèn Arjuna. Dhasar bagus warnane sêdhêng dêdêge, karêngga dening busana, tinon sirna kamanungsane lir pendah jawata Sang Hyang Kamajaya.
Dene kang lênggah munggèng kanan keringing sang prabu, inggih punika ingkang rayi waruju kêmbar sami warnane, satriya ing Sawojajar, tuwin ing Bumi Ratalu,[8] ingkang kêkasih Radèn Nangkula, ingkang satunggal Radèn Sadewa, sami bagus suwarnane. Tinon lir Sang Hyang Mahadewa kêmbar.
__________
Pancènipun pocapan ing nagari Ngamarta punika kados ing nginggil punika kemawon sampun cêkap. Wondene manawi lampahan lairipun Gathutkaca, mawi kasambêtan pocapan kados ngandhap punika.
Mangkana amila sri bupati pinarak ing pandhapa, margi katahman badra irawan, badra mêndhung irawan sasi,[9] kadyangganing wulan katiwêng ing mêndhung, rêntênging driya sri bupati awit sangking anggalih dhumatêng pulunan ingkang nêmbe lair putranira Radèn Arya Wrêkudara, dene sampun kawandasa dintên laminya, pun ari-ari dèrèng kenging kapisah, ngantos dipun dhawahi dêdamêl ingkang ampuh-ampuh, pinggêt mawon botên. Lênging driya wong agung ing Ngamarta kêdah lêbu tumangan, mung ngêntosi rawuhipun ingkang raka wong agung ing Dwarawati.
Sigêg
--- [55] ---
Pangandikaning Pandhita lan Bambang
Pandhita : Andadèkake kagèting atiku mas putu, sajrone kowe ana ngarêpku, wêktu iki tak sawang-sawang awakmu katon lêsu guwayamu kurang sumringah. Seje karo sabên-sabêne, yèn kurang kapenake awakmu apa kang karasa, apa bêdhat jamang kalungmu, unggahe gêmpal rangkamu, kowe aja wêdi sarta aja pakewuh bêcik kowe matura, tak rungokne kang pratela.
Bambang : Kula nuwun inggih eyang, kalilana matur manawi badan kula botên wontên ingkang karaos, punapa malih sadaya panganggèn kula jangkêp botên wontên ingkang risak. Nuwun walèh-walèh punapa eyang, mugi kanjêng eyang aparinga sumêrêp ing kawontênanipun tatimbangan kula.
Pandhita : I..i putuku gèr dene kok mung sapele karêpmu, nganti kok rewangi prihatin susut awakmu
--- [56] ---
Dene patakonmu mau prakara sing êndi, marga kang aran timbangan iku akèh lire, kabèh kang tumitah ana ing ngarcapada padha duwe têtimbangan, kaya ta bumi kalawan langit, surya kalawan rêmbulan, rina kalawan wêngi, lanang kêlawan wadon, apa kowe kapengin rabi, mara aranana endhang ngêndi kang kok sênêngi, tak dhodhoge lawange, tak kêludane jogane, si kaki bangêt jumurung, sokur bage sèwu kowe mikir kang kaya mangkono.
Bambang : Kula nuwun inggih, timbalanipun kangjêng eyang kapundhi dadosa jimat, ananging kauningana sanès punika ingkang kula aturakên, têtimbangan anak kalihan bapa, mugi kangjêng eyang aparinga dhawuh pangandika, sintên ingkang yoga dhumatêng kula, sakalangkung anggèn kula kapengin kados punapa raosipun, anguncupakên asta dhumatêng bapa. (Pathêtan)
--- [57] ---
Pandhita : O putuku gèr, manawa kowe takon bapa ing satêmêne iya aku bapakamu, mungguh waja wijine asal kaleyang kabur kanginan, tak sidhikara wêkasan dadi kowe iki, akèh diakèh aja sok takon bapa, iya aku iki bapakamu.
Bambang : Kula nuwun inggih eyang, saèstu sampun radi andadosakên lêganing manah kula, ananging kula upamèkakên pisang tuwuh ing wana mokal yèn botên wontên ingkang nanêm.
Pandhita : I i i i putuku gèr putuku, dene samêngko wus ora kêna diapusi, dhèk cilik anganggo wastra ciyut nangis angayang-ayang dicêkêli gêdhang saulêr banjur mênêng, barêng saiki wis katon gêdhe nganggo wastra gêdhèdhèr, [gê...]
--- [58] ---
[...dhèdhèr,] wus kêlar angêmbat watang. Dhasar trahing kusuma sayêkti wus ora kewran solah-bawa kang nglêngkara. Iya ta mas putu aja dadi atimu, nggonku duwe catur kang samono mau satêmêne mung tak anggo ngapusi kowe bae. Saka trêsnaku mênyang kowe, aja nganti pisah karo aku. Rèhning kowe tansah angudi, ing salugune kowe uga misih duwe wong tuwa lanang, satriya ing Madukara ingkang kêkasih Radèn Janaka, iya iku wong atuwamu, lan ora nana salumahing bantala sakurêbing langit, kabagusan lan tiyasane, kaya wong tuwamu. Dhasar dadi kêkasihing jawata, sarta duwe sadulur papat cacahe, lima wong atuwamu. Kang kabênêr tuwa dhewe iku nata ing Ngamarta, jêjuluk Prabu Darmakusuma.
Ing salajêngipun kasêrêpakên sadaya, lajêng kados adat.
Gondhö pangrawit, Kapatian Solo.
--- [59] ---
Satriya Manêgês
Lah ing kana ta wau satriya | anu | Radèn | anu | lajêng asidhakêp suku tunggal, anutupi babahan hawa sanga, angingkut tri loka angêningakên păncadriya. Pănca lima, driya angên-angên, angênêp hawa nêpsu gangsal prakawis, 1. pamyarsa, 2. paningal, 3. panggănda, 4. pangucap, 5. pangrasa. Ana suwara tan rinungu, ana maujut tan tiningalan, ana gănda datan ginănda, ana rasa datan rinasa. Ingkang cinipta mung sajuga, namung awas[10] pucuking grana angulatakên wêdal lêbêting napas. Sanalika katarima bisa nunggal kaanan jati. Sirna pamoring kawula gusti, jumênêng Sang Hyang Wisesa, sabarang kang sinêdya ana, cinipta têka.
Amila Radèn | anu | anggung lêlana anjajah wanarga. Sangking sungkawaning driya | anu |. Lajêng manut punapa lampahanipun, sarta manut wayangipun sintên ingkang sêmedi/
Mangkana enggaling carita Radèn | anu | sangking putêking driya asêmu yogabrata, aminta sihing jawata, anêtêpi satriya mahambêg wiku. Têmah amrabawani gara-gara rèh kagiri-giri, jagad prakampita, udan salah măngsa luwih dêrês, pitung dina muput.
--------------------
Tiyang nyuwita punika kêdah ngangge 3 praawis.
1. Curiga, 2. Wanita, 3. Turăngga
Supênan, 1. Kasudarsana, 2. Panyakrabawa, 3. Kawarsita, 4. Kadoradasih
--- [60] ---
Sêkar Sinom
sang wiku alon ngandika | iya kulup sun tuturi | sêjatine ngèlmu rasa | dudu donga japa aji | dudu puji lan dhikir | sayêktine amung kawruh | wêruh kang luwih samar | samar tunggal rina wêngi | nanging arang janma ingkang uningaa ||
yèn durung olèh pitêdah | guru ingkang wus linuwih | apan ta iku larangan | ing nabi kêlawan wali | mulane ana nabi | ana kabèh kawruhipun | aran wali walikan | ujar iku dadi iki | iya iku putu aran ngèlmu rasa ||
lamun aran ngèlmu rasa | sira rasakna pribadi | apan ingsun nora kêna | wêdi dinukan Hyang Widhi | kang wayah matur aris | kalamun sang maha wiku | tan arsa paring têdah | kawula tan arsa mulih | suka pêjah wontên pucaking aldaka ||
tan suka mantuk mring praja | suka anêmahi pati | wontên ing ngarsa paduka | yèn sang wiku tan paring sih | sang pandhita miyarsi | putêg ing wardayanipun | ginubêl mring kang wayah | wusana ngandika aris | iya putu yèn bangêt pangudènira ||
iya sun tuturi sira | kapriye gonku nyelaki | rumăngsa katêmpuh tuwa | nanging sira dèn agêmi | ing ngelmu rasa iki | ewuh luwih sangking ewuh | yèn gampang luwih gampang | rêgane tanpa winilis | yèn wis wêruh sagobang tan sudi nganyang ||
lan dèn bêcik wêkas ingwang | aja sira anggêgampil | iku pusakaning gêsang | dèn bêcik sira nyimpêni | yèn sira
--- [61] ---
kurang gêmi | pêsthi cilaka tinêmu | donya têkèng akerat | tan wurung sira bilai | luput-luput dadi edan turut marga ||
purwa ananing manungsa | karsaning Hyang Maha Luwih | kinarya pangarêpira | mring sagung kewan sêkalir | sakehing sipat urip | tri prakara alamipun | dhingin urip nèng dharat | jroning toya kaping kalih | kaping tiga urip nèng sakjroning kisma ||
kang urip nèng alam tiga | riningkês dadi kêkalih | kang dhingin urip kakolah | kakolah dam kaping kalih | urip kakolah iki | sakèhing sipat kang thukul | urip tanpa istiyar | narima sihing Hyang Widhi | anadene kang ngaurip kakolah dam ||
kang sipat rasa pangrasa | uripe kalawan bukti | sarat istiyar gaota | pan wênang nampik amilih | iya sira dèn eling | kalamun tinitah punjul | dadi unusanira | rêrupan isining bumi | sumurupa kang ngujudakên ing sira ||
sing sapa anêdha wikan | mring Pangeran Kang Linuwih | lawan rasul kang sanyata | gonira urip nèng bumi | dadi kuthaning eblis | ing sajroning awakipun | tan kêbabar kamulyan | kamurahaning Hyang Widhi | nadyan bêja sugiha lawan pangiwa ||
sanadyan iku kuwasa | kuwasane ngèlmu singkir | mung karya pangeram-eram | kuwasa pan sangking eblis | godha wong tanpa ngèlmi | atinira pinrih kerut | yèn karêm singkirira | rinacut sihing Hyang Widhi | mula yogya sun wêruhkên putu sira ||
--- [62] ---
wêruh margane etungan | mula etung awit siji | sijine iku nurolah | yan cahya damaring bumi | iku minăngka gusti | ing utêg karatonipun | ingkang damari jagat | alam langgêng kang sawiji | kang mêruhi ing sasolah-bawanira ||
nanging gênti aran iman | yèn wong Arap[11] kang ngarani | budi bêbasaning Jawa | susunan băngsa hut iki | mulane ran kuluwih | apan sangking atiningsun | iku aran susunan | awênang dipun suwuni | aran iman pangarêpe iku gêsang ||
pêngarêp gêsang nurolah | iku wakile Hyang Widhi | kang ana ing jasadira | lir surya munggèng wiyadi[12] | nyoroti gyaring[13] bumi | jurang gunung dharat laut | sak isine sadaya | wruhana pratănggapati | pan mêngkono kawruhmu munggèng Pangeran ||
ngawruhi isining jagad | saobah osiking nguni | nora nganggo kêsamaran | roh ilapi kaping kalih | têgêse roh ilapi | roh iku rohe jêng rasul | têgêse rasul rasa | kang kambah rasaning jisim | iya putu rasane jêng rasulolah ||
ing manah kêratonira | lir Wisnu lan Darawati | Wisnu langgêng alamira | Darawati rina wêngi | kêlawan owah gingsir | Darawati duwèkipun | tunggal rupa sak rasa | suksma ingkang kaping katri | aran têlu ing têgêse têlu têlas ||
ing têngah karatonira | ora obah ora osik | duwèke amung pangrasa | nora duwe rina
--- [63] ---
wêngi | alame langgêng iki | urip-uripe Hyang Agung | rasa jêng rasulolah | punika ingkang darbèni | mung pangrasa iku duwèke manungsa ||
têgêse aran Mukhamat | punika rasaning ati | pan rasul rasaning badan | lorone rasa sawiji | iya rasaning ati | yaiku rasaning rasul | iya rasaning badan | punika rasaning ati | rasa rasul puniku rasa Mukhamat ||
dene wujuding Pangeran | yaiku cahyaning urip | wujudira rasulolah | ya rasane badan iki | dene Mukhamat iki | ya obah osiking kalbu | wujudira kawula | pêngrasa sajroning ati | kawruhana aja kalèru ing tămpa ||
dene ta Nabi Mukhamat | ing umat amêsesani | mring umat rumêksa jagat | pêsate pitulas iji | pratelane puniki | anom wêkasane sêpuh | mêlèk kêlawan nendra | kuwat apês lali eling | luwe warêg rasa kalawan rumăngsa ||
siduro, galdurma, maju nêm.
--- [64] ---
Sangat | Ăngka Jam | Ăngka Jam | Ăngka Jam | Ăngka Jam | Ăngka Jam | Nabi | Ăngka Tanggal |
Jam 6 | Jam7, 8 | Jam 9. 10 | Jam 11, 12 | Jam 1, 2 | Jam 3, 4 | Tanggal Jawi |
Wiwit jam 6 enjing | Wiwit jam 6 enjing ngantos jam 4 sontên lajêng kangge sadalu muput. | |||||
pitutur Amad | kalangan Jabarail | pacak wêsi Ibrahim | slamêt Yusup | rêjêki Ngijrail | 1-6-11-16-21-26 | |
6 | rêjêki Jabarail | pitutur Ibrahim | Kalangan Yusup | pacak wêsi Ijrail | slamêt Amad | 2-7-12-17-22-27 |
6 | slamêt Ibrahim | rêjêki Yusup | pitutur Ngijrail | kalangan Amad | pacak wêsi Jabarail | 3-8-13-18-23-28 |
6 | pacak wèsi Yusup | slamêt Ngijrail | rêjêki Amad | pitutur Jabarail | kalangan Ibrahim | 4-9-14-19-24-29 |
6 | kalangan Ijrail | pacak wêsi Amad | slamêt Jabarail | rêjêki Ibrahim | pitutur Yusup | 5-10-15-20-25-30 |
--- [0] ---
[2 Halaman kosong]
--- [65] ---
Pangandikane Nata Yaksa lan Kênyawandu
Wis suwe biyung anggonmu sumewa ana ing ngarêpaku.
Nuwun sadaya para abdi rasêksa dèrèng sami sumewa pun Kêpêtmega sampun sowan wontên ngarsanipun kangjêng sinuwun. Mangke ta sinuwun sanes ingkang kula aturakên.
Iya yung matur apa.
Nuwun inggih Sinuwun, dene panjênênganipun sinuwun sampun pintên-pintên Soma utawi Rêspati botên miyos sinewaka, para abdi rasêksa sakalangkung sami angudaraos, dene wontên sabab punapa, mila sarêng panjênênganipun kangjêng sinuwun miyos sinewaka, para abdi rasêksa saklangkung sami suka sokur dene botên wontên satunggal punapa. Kajawi saking punika kangjêng sinuwun, panjênênganipun sinuhun kula sawang-sawang kok sajak mănca rawat mănca dirasa. Manawi kapara yêktos punapa darunanipun sokur yèn botên wontên sabab punapa-punapa.
O iya biyung aku durung kăndha karo kowe.
Nuwun inggih sinuwun kadospundi. Manawi pancèn kenging kawijil ing ngakathah mugi paringa pangandika dhumatêng ingkang abdi pun Kêpêtmega. Anjawi ta kêng botên.
Mêngkene biyung, nalika ari Sukra Manis wanci bangun raina, inggale bae aku ngimpi, ditêkani putri ayu bangêt biyung
--- [66] ---
tak takoni pinangkane iya gênah cêtha wela-wela.
Nuwun inggih sinuwun saking pundi pinangkanipun.
Jarene saka nêgara ing (...) ngaku putrane Prabu (...) ana kanane iku dak takoni sumêdyane. Saka kandhane arêp nyèthi marang aku. Sokur ginarwa, ora-orane iya trima dadi juru-juru pênêbah utawa pêngangsu. Barêng ngono iku rasaning atiku banjur mandhêg.
Nuwun inggih sinuwun wontên salêbêtipun supênan gusti kula sinuwun punapa nun inggih krêsa.
Iya dak arêpi biyung, yèn tak kojahna sêwêngi ora nana pêdhote. Cêkake bae ana jroning pangimpèn wus carêm karon asmara sarta banjur tak jumênêngake kangjêng ratu. Ana kanane kaya ora kêna pisah, paribasan ora kêna bênggang sak rambut. Tak kandhakna barêng aku nglilir sing tak kêkêp-kêkêp iku jêbul guling biyung, banjur gulinge tak suwèk-suwèk bantal dak awut-awut, banjur andadèkake ngênglênging atiku tumêka sakprene bab anggonku anggagas impènku biyung. Mula aku rada sawatara ora miwos[14] sinewaka.
O jagad dewa bathara ya jagad pramudita. Gusti kula sinuwun, têka rèmèh kemawon dene mênggalih supênan andadosakên kirang prayogi. Dene pinuju miyos sinewaka tansah măncarawat măncadirasa, manawi krêsa dhahar aturipun Kêpêtmega, ingkang samantên wau sampun kagalih kemawon, punika pandamêlanipun jim pêri prayangan, tur mindhak anyudakakên ram[15] daging kawiryanan.
--- [67] ---
Iya têka bênêr biyung kang dadi caturmu, ananging aku mêksa arêp nyatakake kang dadi impènku kaya sing tak pratelakake ngarêp mau.
O gusti kula ingkang sinuwun, mangke ta mangke, kula kèngêtan sinuwun, kula anyaosi dêdungengan saking cariyosipun tiyang sêpuh. Kala jaman kina wontên narendra ing Gilingwêsi ajêjuluk Prabu Dewa Budha punika angratuni sabarang kumêlip: Sang nata punika rêmênipun anyatakakên supênan. Kados ta wontên kawulanipun ingkang supêna dhaup kalihan kidang mênjangan, punika inggih lajêng kanyatakakên dipun dhaupakên. Lha punika andadosakên susahing para kawula, dene wontên lampahan ingkang kados makatên. Lami-lami wontên satunggaling kadhal gadhah rekadaya ethok-ethok supêna. Dhaub lan garwanipun Sang Prabu Dewa Budha. Lha punika andadosakên ngunguning sang nata, saklangkung pakèwêt anggenipun mangsuli. Enggalipun supênan wau
--- [68] ---
kadorakakên, amargi sêkaripun tiyang tilêm, sang nata wau lajêng botên nate nyatakakên supênan kados ingkang sampun. Sabab ginalih supênan wau sampun gênah utawi sampun cêtha mênawi sêkaripun tiyang tilêm.
Sulaya biyung kowe kuwi, nah ilêmutane.
Botên pisan-pisan ta yèn nyulayanana krêsanipun kangjêng sinuwun. Kula punika namung ngaturakên dêdungengan. Makatên paminipun. Kajawi saking punika sinuwun, supênan punika harak wontên naminipun sakawan prakawis.
Jênênge apa biyung.
Nuwun inggih, naminipun ingkang rumiyin kasudarsana, 2. kacakrabawa, 3. kawarsita, 4. kadoradasih.
Mungguh têgêse kêpriye biyung.
Nuwun inggih sinuwun, têgêsipun kasudarsana punika, supênan ingkang botên tumănja. Liripun upami mêntas supêna wontên ing tanah sabrang lajêng mak clong dumugi ing pulo Jawi. Dados nami botên tumănja punika ingkang botên kenging dipun suraos. Dene têgêsipun kacakrabawa, punika panjênênganipun sinuwun mêntas mênggalih dhumatêng putri anu pamènipun, utawi mêntas mirsa wanudya ingkang ayu. Èstunipun lam-lamên saking klêbêtipun panggalih. Dalah badhe sare tansah ginalih kemawon.
--- [69] ---
Enggalipun sare lajêng supêna pinanggih putri saklangkung ayu. Lha punika kenging winastan supênan panyakrabawa.
Gajêge aku ora anggagas putri ngêndi-êndi, utawa ora mêntas sumurup wong ayu bangêt biyung.
Punapa kenging winastan kawarsita.
Kêpriye têgêse kawarsita.
Kawarsita punika wangsitipun jawata ingkang linangkung.
Lha mèmpêr biyung yèn mangkono, aku arêp kuwi.
Jangkêpipun sakawan kadoradasih. Têgêsipun kadoradasih, supênan ingkang sanyata, ila-ila punapa sinuwun, kula mirêng ujar kêbaratan, pancen kêpara têmên yèn nagari | anu | ingkang dados kondhanging kêkidung inggih namung Dèwi (...) para nata măncapraja kathah ingkang sami ananglêtakên tinimbang ingkang ngungkurakên kathah ingkang ngajêngakên. Dados supênanipun sinuwun wau kenging winastan doradasih.
( ada-ada )
--- [70] ---
Lha yèn mêngkono kowe kariya basuki biyung, aku arêp nuruti sing dadi karêpku. Dene Sênèn Kêmis măngsa bodhoa biyung.
(Kênyawandu nungkêmi pada)
O kadospundi sinuwun, yèn kagungan krêsa ki banjur mêmpêng mula kudu dak aring-aringi tak candhêt-candhêt bae.
(Kênyawandu wus wangsul lênggahe)
Mangke ta sinuwun, manawi krêsa andhahar aturipun pun Kêpêtmega, panjênênganipun sinuwun sampun têdhak piyambak. Kirang prayogi, sêkeca utusan kemawon rumiyin. Nanging sampun ngicalakên urmatipun sami narendra. Liripun kadospundi, botên ketang dlancang sasuwèk kêdah mawi anyaosi nawala. Mênggah têmbungipun nawala, angêbun-êbun enjang anjêjawah sontên, manawi Sang Prabu (...) kaparêng, kula nyuwun mongmong ingkang putra | utawi rayi | Dèwi (anu), makatên kemawon sampun cêkap. Ewadene utusan sampun rambah kaping kalih utawi tiga, botên wontên wusananipun, lha punika sampun dhêngipun tinêdhakan pyambak.
Apa ya mêngkono biyung.
Nuwun inggih sinuwun.
--- [71] ---
Sênggrang Buta lan Bambang | utawi Janaka
Cakil : He cat candhala cêcundhikku kilandara, iya kenthol, apa wong bagus, sapa jênêngmu lan ing ngêndi pinangkamu, he satriya, êlho ana ditakoni ora gêlêm sumaur. Apa budhêg wong kiye. Apa kowe kamitonggongên, apa wêdi. Mara yèn kowe wêdi wis mêlayua ora tak buru. Ana ditakoni têka mesam-mèsêm kaya kêpêthuk bedhangane, si kêparat
Togog : E alon-alon mawon kyai. Ampun grusa-grusu. Wong-wongane pasêmone utawa ayêm-ayême kadi ngandhut sêti. Mungguh jagoa jago wiring kuning jalune bungalan, yèn purun ngabruk patitis, mungsuhe arang kuwat. Paribasane yèn ngabruk thêg sêg.
Cakil : Aja gunggung mungsuh Gog, mundhak anggêdhèkke atining rowang,[16] lan măngsa nyuduka tangan wolu ora. He sinatriya bêcik kowe ngakua, sapa jênêngmu lan saka ngêndi pinangkamu, dene sugih kêndêl băndha wani lumaku nrajang bêbarisaning buta.
Satriya : Sanadyan kowe buta apa sêdyamu marpêki gonku lumaku. Anggora-godha anggêtak-gêtak kaya bêburon, anggusah kaya manuk, tanganmu suraweyan, idumu pating kalêpyur gandane amis abacin. Lumaku kaya kinawêdèn. Sanadyan kowe buta saka ngêndi dhangkamu lan sapa pracekamu.
--- [72] ---
Cakil : I Babo-babo, hardawalepa.
Satriya : Sira kêpara săngga, têtanya ardèng pangucap.
Cakil : E ditakoni durung ngaku wus anjunjung dhăngka.
Satriya : Jamak lumrahe wong takon gênti tinakon.
Cakil : Bênêr kowe sisip marang aku. Sanajan aku buta dudu buta bêrduwak lan ora mlêthok saka kayu watu, aku isih buta dèn iring lante payung bawat aleyangan kandhaga.
Satriya : Sanadyan sira pinangkat bupati jêr sipating buta. Mula aku gêlêm junjung dhangkamu.
Cakil : E e wong iki, iya manawa kowe lumuh kasosor basamu. Aku buta saka nagara ing (...) utusane (...) jênêngku ora nana papat iya iki rupane Ditya Kala Praceka. Balik kowe sapa jênêngmu.
Satriya : Ora duwe jênêng kêkasih duwe.
Cakil : E e ladak lirih têmênan wong kiye. Sapa kêkasihmu.
Satriya : Ya aku Radèn Bambang (...) saka ing (...).
Sêmar : Dara suwawi nyenthe jurang. Măngga sami lumajar. Kula aturi ngêndhali wiyar, suwawi sami lumèrèk mawon ndara.
Satriya : Wa aja sumêlang pikirmu, mundhak anggêdhèkake atining buta.
Cakil : Lak sêdyamu sinatriya arêp nyang ngêndi.
--- [73] ---
Satriya : Ngêtutake tindaking dalamakaku kêjèping netraku.
Cakil : I babo babo sing manuk gênah pencokane. Yèn mangkono kêna tak arani laku nyalawadi.
Satriya : Sak karêpmu.
Cakil : Gog, uculana taliku bandhang tak bandane satriya kiye.
Nama Kajarwa
1. Wrêkudara: dene dadya suh pikukuhing Pandhawa.
2. Kusumayuda: dadya kondhang kêmbanging paprangan.
3. Jayalaga: ing têmbe bratayuda unggul jurite.
4. Bratasena: bisa mêngku sakathahing laku.
5. Bima: luware sing guwa garba wus pêpak prabote
6. Bayutanaya: dene pinundhut putra Sang Hyang Bathara Bayu.
Ratu Wiratha
1. Mila jêjuluk Prabu Matswapati: dene ratu kang pinundhi-pundhi.
2. Prabu Banendra: angratuni băngsa sato.
3. Prabu Durgandana, dene kagungan gănda awon.
4. Prabu Matswanata: angratoni bêbujêngan toya.
5. Prabu Wiratha Iswara: dene ngratoni nagari Wiratha.
--- [74] ---
Ratu Mandura
1. Mila ajêjuluk Prabu Basudewa: dene ingakên warananing dewa kinarya lantaraning Hyang Wisnu Hyang Basuki majanma.
2. Mila ajêjuluk Prabu Kunthibuja Tanaya: sanyata putranipun Prabu Kunthibuja, sawastu kêkakasihing dewa.
Ratu Mandraka
1. Mila ajêjuluk Prabu Narasoma: ratu sarèh pambêkane.
2. Sri Salya: pranyata wiyar sêgarane.
3. Prabu Măndradipa: dene ratu linuwih.
4. Prabu Măndrakiswara: dene langkung luhur.
5. Prabu Somadênta: ratu ambêk pinandhita pindha dêntaning dirada.
Ratu Kumbina
1. Mila ajêjuluk Prabu Bismaka: têgêse makuthaning ratu.
2. Mila ajêjuluk Prabu Rukmaka: têgêse sugih kancana.
3. Arya Prabu: dene arining ratu.
Ratu Ngastina
1. Mila ajêjuluk Prabu Kurupati: angratuni para Korawa.
2. Mila ajêjuluk Prabu Anggêndarisuta: sabab putrane Dèwi Anggêndari
3. Mila ajêjuluk Prabu Jayapitana: kinacèk samaning ratu.
4. Mila ajêjuluk Prabu Suyudana: kasuyudan mring wadyabala kataman dana mintir tan ana pêdhote.
5. Mila ajêjuluk Prabu Wong Agung Ngastina: dene manggêdhèni sanagara Ngastina.
--- [75] ---
Sinuhun Dwarawati
1. Mila ajêjuluk Bathara Krêsna, dene sirnaning Wisnu Krêsna kang ana, sirnaning Krêsna Wisnu kang ana, Krêsna[17] marang irêng na marang padhang, pranyata Sinuwun Dwarawati irêng mulus têka balung sungsume, yèn ayama ayam cêmani, kêna kinarya sarana sanadyan Sinuwun Dwarawati uga kêna kinarya sarana, ing têmbe prang bratayuda jayabinangun. Êndi ingkang binotohan Bathara Krêsna, wus pasthi unggul yudane.
2. Mila ajêjuluk Prabu Padmanaba, dene titise Bagawan Padmanaba. Têgêsipun padma wadhah, naba kêmbang. Pranyata wênang anggadhuh kêmbang jayakusuma, kuwasa nguripake kang durung pinasthi.
3. Pramila ajêjuluk Prabu Danardana, dene titising Wisnu sapalih, kasaranipun dhatêng Bathara Krêsna, sarinipun dhatêng Danangjaya.[18]
4. Mila ajêjuluk Prabu Kesawa, dene bisa tiwikrama padha sanalika.
5. Mila ajêjuluk Prabu Arimurti, ari nom, murti awas. Pranyata Sinuwun Dwarawati titising Wisnu dadya anom. Anulusakên jêtmikane.
--- [76] ---
Buta: kang sêsiyung, Pandhawa: lêlima, tata: lungguh, gati: bayu bêdhug tanpa modin, wisaya: pênggawe, indri: bayu mripat, yêksa: buta wadon, sara: lêlandhêp, maruta: angin gawa kêmbang, pawana: angin nèng alas, bana: angin bêdhol kayu, margana: angin nèng dêdalan, samirana: angin buwang kringêt, warayang: lêlandhêp têlu, pănca: lêlima, bayu: angin sing bêdhug tanpa modin, wisikan: angin sing mêtu kuping, gulingan: wong kluron, lima watêge: ya watêg lima
Nginggil punika cakêpanipun ada-ada Wrêkudara badhe lumumpat. Sasampuning ada-ada lajêng ngocapakên têgêsipun. Dene têgêsipun ingkang dumunung nginggiling aksara, kados ta buta: kang sêsiyung, ngatên sasaminipun.
[Tandatangan: Găndapangrawit]
--- [77] ---
Pakanane Puspadênta, sukêt kalanjana saka ing Maliawan. Puspa kêmbang dênta gadhing, pranyata gadhinge pindha kêmbang.
Ingkang bisa dadi srati, amung Kyai Wiragati, wismane Baki, nyuwita Sang Narpati, dinadèkakên srati, diparingi prabot sruwa sêmbagi, diparingi kêris dhapur parungsari rangkane kayu jati ukirane kayu kêmiri, mêndhake dhapur êndhog mimi, pêndhoke têmbagi, sing wis nai, kuluke muri.
Pramapradăngga, 2. Suramlaya, 3. Găndapangrawit
Promopradonggo, 2. Soeromlojo, 3. Gondapangrawit
1 | angajap pati. (kembali) |
2 | wus dhaup. (kembali) |
3 | kinamulèn. (kembali) |
4 | indhung. (kembali) |
5 | clakuthana. (kembali) |
6 | rubuh-rubuha. (kembali) |
7 | Puntadewa. (kembali) |
8 | Ratawu. (kembali) |
9 | badra sasi irawan mêndhung. (kembali) |
10 | mawas. (kembali) |
11 | Arab. (kembali) |
12 | wiyati. (kembali) |
13 | glaring. (kembali) |
14 | miyos. (kembali) |
15 | rah. (kembali) |
16 | mungsuh. (kembali) |
17 | Krês. (kembali) |
18 | Dananjaya. (kembali) |