Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 01–15)
1. | Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
2. | Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 16–32). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
3. | Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 33–51). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Parta Krama
--- 3 ---
1. Asmaradana
1. kasmaraning tyas tan sipi | kumêdah-kêdah anêdhak | Sêrat Parta Krama rane | karangannya sang minulya | pujanggèng Surakarta | kang misuhur asmanipun | Dyan Bèi Yasadipura ||
2. duk manitra wanci enjing | ing ari Anggara Krêsna | kaping wolu wimbaning lèk | wulan Mukaram Je warsa | windunira Sêngara | ăngka sèwu wolung atus | sèkêt sakawan langkungnya |[1]|
3. ingkang jinêjêr ing kawi | praja di ing Darawatya | Sang Basudewa putrane | nama Prabu Danardana | ya Prabu Padmanaba | Sang Harimurti jêjuluk | pêparab Bathara Krêsna ||
4. marmanira sri bupati | titahing jawata wênang | sinêbut bathara dene | jawata angejawantah | sayêkti Narayana | titising Bathara Wisnu | marma pêparab Sri Krêsna ||
5. sanyata yèn sri bupati | irêng mulus sariranya | trus gêtih myang bêbalunge [bêba...]
--- 4 ---
[...lunge] | marmanira apêparab | Sang Prabu Padmanaba | dènira wênang anggadhuh | kang padma wijaya mulya ||
6. panguripe wong sabumi | marma parab Danardana | dènnya andina danane | tan kêndhat pêparingira | boga arta busana | saengga tibaning jawuh | marmanira apêparab ||
7. Sang Aprabu Harimurti | dènnya wruh durung winarah | sidik têrus paningale | nora kêna kasamaran | saobah osiking rat | wus sasat hyang jawata gung | dadi barang kang sinêdya ||
8. alit nagri Dwarawati | nanging tan kêna ing corah | dènnya kalangkung wingite | manuk mibêr nora kêna | ngungkuli jroning pura | tibèng siti nulya lampus | nadyan kang para jawata ||
9. ing suralaya samya jrih | angungkuli sri narendra | dening kaendran wusdene | samya mangastuti nêmbah | nadyan samia dewa | Bathara Wisnu pinunjul | saking jawata sadaya ||
10. marma sagunging para ji | ing tanah Jawa [Ja...]
--- 5 ---
[...wa] sadaya | samya bathara anggêpe | marang Sri Narendra Krêsna | milu ta ngêla-êla | tinut ing satuduhipun | liningga-lingga jawata ||
11. tuwin kang para narpati | tanah sabrang sampun kathah | ingkang ngidhêp karatone | mamrih ta mangèstupada | sasat sampun kabala | mung pinrêp dana marta yu | jrih asih pangidhêpira ||
12. miwah asrining jro puri | sasat pura batharendra | karaton uparênggane | sadaya sarwa kancana | sêsotya nawarêtna | kasor rêsmining swarga gung | kontap srining ariloka ||
13. sêmbadaning sri bupati | garwanira sri narendra | têtiga endah warnane | ingkang sêpuh garwanira | endhang Gadamadana | sutèng wre Jêmbawan Wiku | patutira lan Trijatha ||
14. nama Dèwi Jêmbawati | warnanira lir Supraba | ruruh wingit pasêmone | pasaja tanpa lêlewa | cahya nuksmèng sasăngka | kang pamadya garwanipun | rajaputri ing Kumbina [Ku...]
--- 6 ---
[...mbina] ||
15. pêparab Dèwi Rukmini | gandhang tur raga karana | rêspati salêlewane | sasat Rarasati swarga | sêdhêping pasang cipta | cahyanya sumunar mancur | kadya banguning kartika ||
16. garwa ingkang nèm pribadi | Rajaputri Lesanpura | sêdhêng antêng jatmikane | nama Dèwi Sêtyaboma | sumunu cahyanira | kadya Wilutama nurun | sêdhêp manise sêmbada ||
17. cinatur Sang Rajaputri | Kumbina lan Lesanpura | krama nak-sanak kalihe | wontên malih garwanira | Dèwi Pratiwi mangkya | lan Sri Harimurti Prabu | patutan èstri sajuga ||
18. warnanya ayu linuwih | maksih nêsêp ibunira | putri bêbayi namane | Siti Sundari Sang Rêtna | garwa Sri Padmanaba | Rêtna Jêmbawati sampun | patutan kêkalih priya ||
19. kang sêpuh namanirèki | sira Bambang Gunadewa | pêkik nanging sarirane | mawa wulu lir wanara | marma duk lairira | binêkta [bi...]
--- 7 ---
[...nêkta] ing eyangipun | mring wukir Gadamadana ||
20. diwasanira kapati | subrata amati raga | anut tapane eyange | wus sasat maharsi tama | gung olah pujamăntra | kang rayi pêkik kalangkung | sinung nama Radèn Sămba ||
21. lir lanyapan munggèng kêlir | ambêranyak kasêmbadan | rêspati ing sasolahe | sarira wingwing ajênar | kadya prada binabar | dadya sêkaring praja gung | atmaja binadhe raja ||
22. dadya sambating akingkin | la-êlaning para kênya | sinung dalêm kadipatèn | nênggih ing Paranggarudha | ananging dèrèng krama | kang pamadya garwanipun | nguni duk anèng Kumbina ||
23. Kusuma Dèwi Rukmini | apêputra mijil priya | gêng inggil nanging warnane | mawi siyung lir rasêksa | marma duk lairira | kang rama merang kalangkung | putra binuwang mring wana ||
24. kauningan ing raka ji | Mandura Sri Baladewa | kang jabang bayi nulya ge | binêkta maring Mandura [Ma...]
--- 8 ---
[...ndura] | pinundhut putra angkat | bayi sinungan jêjuluk | anama Radèn Almuka ||
25. diwasanira ngajrihi | gêng inggil kadi brahala | kinadangakên kalihe | lan putra Radèn Wisatha | Rajaputra Mandura | dene garwa kang waruju | Rêtna Dèwi Sêtyaboma ||
26. ing mangkya lagya garbini | praptèng babar mijil priya | kalangkung pêkik warnane | putra bayi sinung nama | nênggih Radèn Sêncaka | ya ta wau kang winuwus | Sri Maha Narendra Krêsna ||
27. sêdhêngnya lagya siniwi | munggèng dalêm prabayasa | dene kang para garwane | aglar parêkan nèng ngarsa | nimbali ingkang putra | Radèn Sămba lagya rawuh | saking nagri Madukara ||
28. wus prapta sajroning puri | ing ngabyantara narendra | nêmbah mangraup padane | gantya kang ibu katiga | sawusnya kinèn lênggah | munggèng ing ngarsa tumungkul | sang prabu mèsêm ngandika ||
29. bagea kang
--- 9 ---
lagi prapti | atêtinjo wong alara | dene kongsi lawas radèn | gonira mring Madukara | kongsi samadya căndra | apa baya kang rinêmbug | dene liwat karya gita ||
30. pangundange mring sirèki | nora pisan nganggo mringwang | mung sira piniji dhewe | pan ing mêngko kayaparan | larane pamanira | kang putra nêmbah umatur | gêrahe rayi paduka ||
31. saèstu sangêt nglangkungi | pan sampun sawang kunarpa | risaking pasarirane | gêrah sangêt tigang căndra | saingga wus sawarsa | prapta kawula pukulun | mêningi maksih kantaka ||
32. rinubung dipun tangisi | mring pun Bagong lan pun Sêmar | nèng taman Madugandane | lan rare èstri satunggal | ingkang binêktèng taman | putri boyongan pukulun | arine Patih Sucitra ||
33. anama Dèwi Sulastri | dene kang kalap pun Sêmar | Dyah Kanastrèn pambajênge | salamine nandhang gêrah | kang kuthah gulawênthah [gulawê...]
--- 10 ---
[...nthah] | namung punika pukulun | tiga pun Bagong lan Sêmar ||
34. datan wontên malih-malih | dene sagung wadyanira | Madukara sadayane | jalu èstri tan linilan | sumiwi dhatêng taman | lawanging taman tinutup | kalangkung anèh karsanya ||
35. gêrah mèh antara pati | datan kêna tininjoa | mring kadang kulawargane | rayi tuwan ing Ngamarta | ping kalih dènnya têdhak | lan ari sadayanipun | dhumatêng ing Madukara ||
36. karsane dipun pondhongi | dhumatêng nagri Ngamarta | dene wus sayah gêrahe | jêng paman ing Madukara | tan arsa manggihana | kang raka tinulak wangsul | marmanya mutung sadaya ||
37. praptèng mangke mitambuhi | rayi tuwan ing Ngamarta | lan para ri sadayane | tan wontên kang têtinjoa | langkung kawêlasarsa | gêrahe kadya anglalu | dhandhang lajênge palastra ||
2. Dhandhanggula
1. sri narendra angandika aris | talanjêre kulup [kulu...]
--- 11 ---
[...p] lara apa | dene mangkono karêpe | kang putra nêmbah matur | kados lamun kagodhèng pêri | utawi pêrayangan | ngandika sang prabu | antarane kaya apa | dene sira ngarani kagodhèng pêri | kang putra matur nêmbah ||
2. milanipun kawula wastani | yèn kagodha dene tanpa măngsa | nalika dhatêng gêrahe | kantaka sagènipun | sarirane kados ngêmasi | mung kantun prêmananya | kêkêtêg sadumuk | wungune saking kantaka | lajêng ngame saengga angarih-arih | angungrum angrêrêpa ||
3. kang sinambat mung kusumèng wukir | Rara Irêng sapa ingkang nyana | mêngko mangkana dadine | dene duk rarenipun | irêng kusi rada basisik | rambute arang abang | sasolahe kidhung | karême amantun gaga | wus tumrêcêp bae dadi rara wukir | dhoso wagu tênaga ||
4. ingkang ana labête sathithik | yèn rêmbêsing madu trah kusuma | amung kocaking tingale [ti...]
--- 12 ---
[...ngale] | kalawan sênênipun | lawas-lawas têka manglingi | rambute arang abang | têka dadi bangcuk | wagune dadi wiraga | irêng kusi têka dadi irêng manis | ing mêngko diwasanya ||
5. irêng manis têka dadi kuning | lir parada kang lagya binabar | ingkang dhoso pasêmone | dadi jatmika ruruh | liring lindri jait alungit | jatmikane sêmbada | cahyane sumunu | rema bangcuk têmah dadya | mêmak irêng muyêk ngăndrawila wilis | lah iya ngêndi ana ||
6. soring wiyat kang kasonggèng bumi | bisa salin warna kaping tiga | ya mung Lara Irêng kae | ing sabên sasi wuwuh | rêspatine têka sathithik | ing sabên sasi mundhak | sêdhêp manisipun | kèndêle dènnya ngrêrêpa | mangu jêtung sarya waspanya drês mijil | lajêng niba kantaka ||
7. sri narendra angandika aris | sapa iku ing panduganira | paman namung kang dèn ame | kang putra nêmbah matur | kados inggih pêri lan êjin [êji...]
--- 13 ---
[...n] | utawi pêrayangan | kang kayangan gunung | gumujêng sri naranata | kang anggodha iku jin Batacinawi | pêri Wara Sumbadra ||
8. Radèn Sămba kalane miyarsi | pangandikanira ingkang rama | sunduk lawan graitane | matur sarwi gumuyu | kados lêrês pangandika ji | arinta kangjêng paman | gêrah anahên kung | kandhahan lara wigêna | ing jêng bibi pukulun lamun suwawi | lawan karsa paduka ||
9. sampun kantos kapara ing têbih | luwung lajêng pinanggihna pisan | owêl sakalih-kalihe | milamba kamipurun | anênuwun lajênge panggih | rayi tuwan jêng paman | ing watawisipun | yèn botên kalampahana | dhaup lawan jêng bibi Banoncinawi | kadya têmah antaka ||
10. nadyan inggih botêna ngêmasi | yêkti lajêng ngênglêng kanglanglangan | linglung salami-lamine | gih sintên tiyangipun | kang tumingal dhatêng jêng bibi | yèn botên kangungrungan | tyasipun andarung | sri bupati [bupa...]
--- 14 ---
[...ti] duk miyarsa | turing putra miwah ingkang ibu katri | samya gumujêng suka ||
11. Putri Kumbina angrangkul aglis | mring kang putra sarwi angandika | ginablogan pungkurane | pintêr têmên nak ingsun | dadi congkog andhêdhalangi | ing wong lara asmara | sasuwene matur | kalintêre wus sun duga | lamun duta ngêmu rasa ngandhut wadi | wangsiting Madukara ||
12. sri narendra mèsêm ngandika ris | satêmêne apa ta wus ana | pamanamu pasajane | yèn jaluk bibèkamu | ingkang putra matur wotsari | inggih dèrèng kawêdal | ing pasajanipun | nanging liringe katara | srapatipun pangandika pan katawis | nalikane kawula ||
13. nuwun pamit pan dipun tangisi | sarwi ngrêrêpa dènnya ngandika | ya kulup sêmbah ngong bae | lan galap-gangsul ingsun | aturêna ing sri bupati | yèn dangu laraningwang | umatura lamun | lara ngong lara kasandhang | lire lara kasandhang anrus ing
--- 15 ---
ati | larane nora pira ||
14. nanging lara kêkêmbanging pati | papa pantaka sakêthi siksa | lara ing sajagad kabèh | sinandhangkên maring sun | sinung urip prasasat mati | upama tinimbanga | lan rubuhing gunung | maksih abot laraningwang | nanging mêngko ing sapraptanira kaki | ana ing Madukara ||
15. kaya-kaya rasaning tyas mami | duwe cipta lamun bisa gêsang | iya praptanira radèn | kang dadi marganipun | ing mulyane lara ngong iki | waras nora kalawan | tatămba dhêdhukun | iya amung praptanira | ingkang dadi usada pamurung pati | maosadi utama ||
16. sadurunge kulup sira prapti | rina wêngi rasane tyas ingwang | mung anyipta pati bae | iya saking botipun | laraningong mangkene iki | ing mêngko sira prapta | rasane tyas ingsun | têka anduwèni cipta | lamun urip dadi raganingsun iki | ing batin wus palastra ||
17. bisa urip yèn saking sirèki [sirè...]
--- 16 ---
[...ki] | yêkti urip sida praptèng pêjah | kalamun sira kang gawe | ing pati yêktinipun | wus mangkono cipta ngong kaki | sakarsanira dadya | angrèh raganingsun | dhuh muga kulup tulusna | gonira sih têtulung ing kawlasasih | lamun sira wus prapta ||
18. ing nagara antara sapta ri | nuli sira balia kewala | têtinjo maring sun manèh | dadya panancang umur | lamun sira kulup tan prapti | antara pitung dina | yêkti ingsun lampus | sang nata mèsêm ngandika | sag-sêg bae dene kêrêp têmên mati | lah iya lara apa ||
19. ingkang putra umatur wotsari | yèn tan wontên karsa padukendra | anggalih nuntên dhaupe | lan jêng bibi pukulun | kados botên wande ngêmasi | jêng paman Madukara | praptèng sedanipun | nguni sapêngkêr kawula | dèrèng têbih miyarsa swaraning tangis | kados lajêng kantaka ||
20. pantês bae mangkonoa kaki | pamanamu kapatia
--- 17 ---
brănta | pan ora saiki bae | dhasare bibèkamu | pan ing mêngko saya kaèksi | rupane bangêt bêsat | lan duk bocahipun | ingsun iya nora nyana | tuwa-tuwa têka dadi ayu luwih | jatmikane sêmbada ||
21. bênêr ingkang kongsi têmah agring | pamanamu iku apan nyata | kang sinambat pangamene | Rara Irêng ing gunung | irêng kusi dadi rêng manis | rambute arang abang | têka dadi bangcuk | duk anèng Widarakandhang | dhasar nyata awake irêng basisik | saking sabane têgal ||
22. malah kongsi gêdhe durung mari | dènnya pêpanas dolanan têgal | palayon lan bocah akèh | nanging pawakanipun | cilik mula gone aramping | bawane anèng desa | mung solahe kidhung | saking durung tau mulat | pasamuan nagara solahing putri | dadi wagu tênaga ||
23. dènnya bisa kalimis sathithik | mèlu marang wakamu Mandura | ginawa mring pratapane | ya maksih irêngipun [irêngi...]
--- 18 ---
[...pun] | nanging mêlês mari basisik | rambute bangêt abang | dadi rada bangcuk | wagune dadi wiraga | dene pamanamu gone ngalintêri | rare praptèng diwasa ||
24. nanging bibèkamu nora kêni | pinrih lêmbut miwah kinasaba | tyase mêksa kêsit bae | nanging pangarahipun | ngirih-irih maksih pakèring | tan wani angrêgodha | yèn kapêngkok mundur | buh mawane bokmanawa | kari tuwa awune dènnya tan wani | masesa wasa-wasa ||
25. mung gunane angindhik-indhiki | mêndhak-mêndhak pindha dingkik landhak | têka wuri pangrundhuke | mundhuk-mundhuk lir undhuk | lamun papak pundhak tan wani | gunane mung anamar | anyamur nyalimur | laki samêngko kewala | pamanamu gone mari mangarihi | salin gêlare lara ||
26. dene karêpira iku kaki | luwih bêcik lamun kalakona | pamanamu ing dhaupe | yêktine bibèkamu | wus pinacang sangkaning
--- 19 ---
alit | lawan Si Dananjaya | dening eyangamu | ingsun kalawan wakira | ing Mandura iya wis padha jurungi | sakarsane yangira ||
27. nanging akèh pakewuh ngalangi | pan kabubuh eyangira seda | kalantur kongsi saprene | dhasare bibèkamu | cilik mula gone tan kêni | rinèhkên mring wong tuwa | yèn dudu tyasipun | sok nuli angèsthi pêjah | cilik mula winowong ing jawata di | nora kêna sungkawa ||
28. yèn kongsia luhe tibèng siti | pan sakala karya gara-gara | dewa ing kaendran gègèr | apsari kèh tumurun | mung emane mijil pawèstri | santosane tyasira | luwih saking kakung | sêtya tuhu ing wacana | sinêmbadan lêgawa tega ing pati | tan kêna ginagampang ||
29. pilih wonge wadon kang tan kêni | dèn mêmitra marang Si Janaka | bêtah lêmbut pangarahe | dimêr imul marusul | dhêdhasare warnane pêkik [pêki...]
--- 20 ---
[...k] | mung lali Si Sumbadra | kang tan kêna keguh | duk kramane uwakira | ing Mandura lawan kangbok Erawati | nganggo patah wanodya ||
30. kang sêmbada warnane yu luwih | ingsun lawan Si Patih Pragota | ingkang binubuhan golèk | wanodya kang pinunjul | ingsun eling ibunirèki | samana raganingwang | duk lagya gêguru | iya marang eyangira | durung dhaup lawan ibunira lagi | kinadangkên kewala ||
31. sarwi mèsêm Prabu Harimurti | dènnya ngandika marang kang putra | sarwi angliring garwane | katri mèsêm tumungkul | sri narendra ngandika malih | sun duga ibunira | warnane kalêbu | kalamun dadia patah | dadi lakuningsun mung mukul[2] sawiji | jujug Gadamadana ||
32. ingsun suwun mring eyangirèki | pinaringkên ibumu sun gawa | nanging tan sun banjurake | katur marang wakamu | ingsun andhêg nèng pondhok mami | karana Si Pragota | lakune [laku...]
--- 21 ---
[...ne] wus antuk | wanodya têka ing arga | luwih endah aran Endhang Wrêdiningsih | wakamu bangêt suka ||
33. dene endhang warnanya yu luwih | nora wêruh yèn endhang gadhungan | marma binanjurkên bae | iya mring bibèkamu | busanane kinèn nyalini | bibèkmu rêsêp ing tyas | mulat warnanipun | tan wruh yèn endhang gadhungan | mangan turu tinunggil tilamirèki | tan nganggo walangdriya ||
34. praptèng wêngi mangsane aguling | Si Sumbadra wus kapati nendra | endhang maksih lungguh bae | kabadharan tyasipun | mulat warnanira kang guling | dharusul mèlu nendra | dharêsêl ing kêmul | mulih warnanira lanang | bibèkamu yèn turu têngèn kapati | pinucung nora kêna ||
3. Pocung
1. mung kencokan lalêr myang kencokan lêmut | tangi dènnya nendra | têmahan dèn dharêsêli | bangêt kagèt tangi jumbul garagapan ||
2. tinon ingkang dharusul [dharu...]
--- 22 ---
[...sul] dharêsêl kêmul | kalamun wong lanang | bibèkmu gundam saryanjrit | sru lumayu gègèr sagung pra pawongan ||
3. ting bilulung nora na wruh purwanipun | wakamu Mandura | kagyat wungu dènnya guling | lagya mudhun Si Sumbadra sêlak prapta ||
4. anungkêmi ing padane sarya matur | yèn endhang gadhungan | bakal patah buwang tapih | dadi lanang dharusul mèlu anendra ||
5. duk angrungu tambuh gone krodhanipun | wakamu Mandura | kadya datan napak siti | nyandhak alugora têdhak sigra-sigra ||
6. nêdya dèn jur ingkang dharêsêl ing kêmul | ing alugoranya | sruning krodhanya wus pasthi | sapraptaning gon tilame Si Sumbadra ||
7. pan agupuh miyak langse kagyat dulu | lamun Si Janaka | dhêlok-dhêlok maksih linggih | têbah jaja wakamu mundur kewala ||
8. nuli ingsun prapta tandang gupuh-gupuh | kapapag gapura | ingsun [ing...]
--- 23 ---
[...sun] banjur dèn adhangi | tutur lamun endhange dadi Janaka ||
9. andharusul ing kêmul mèlu aturu | marang Si Sumbadra | sun apikrodha tan sipi | matia wor sawêngi kono lan ingwang ||
10. uwakamu mêksa kukuh datan asung | ingsun apimêksa | wakamu kukuh gujêngi | wus sajêge mangkono wakmu Mandura ||
11. dukanipun sapiraa nora tutug | marang Si Janaka | lamun wruh warnanirèki | kaya kêna cinthunge wong Madukara ||
12. sang aprabu lir carita wuwusipun | manising wacana | kaduk cucut ngrêspatèni | samya suka sagunging cèthi pawongan ||
13. Sang Dyah Ayu Kumbina mènjêp amuwus | bok aja ngandika | karya ewa kang miyarsi | buh ta kakang prabu buh ta kang sarira ||
14. ingkang kêna ing pêpèlèt lênga wuyung | cinthung Madukara | gumujêng sri narapati | saya suka sagunge cèthi parêkan ||
15. kang angrungu pêpurune
--- 24 ---
aturipun | putri ing Kumbina | sêdhêp manis ngrêspatèni | sri narendra mèsêm malih angandika ||
16. tutur ingsun iya sun banjurne kulup | duk anèng Kumbina | kramane ibunirèki | arsa dhaup kalawan Pandhita Druna ||
17. yayi Prabu Ngamarta lan raganingsun | padha tinimbalan | iya mring eyangirèki | kabèh prapta masanggrahan nèng Kumbina ||
18. uwakamu Mandura ingkang tan rawuh | kaya wus graita | yèn bakal ingsun rusuhi | ing tyas ingsun sathithik rada murina ||
19. putri ayu maksih kênya arsa dhaup | lan pandhita tuwa | marmane ingsun rusuhi | duk lêbune pangantèn marang jro pura ||
20. sun wêdèni tiwikrama kagum-kagum | bali mêtu jaba | palayune niba tangi | dadya gugat Kurawa nora tarima ||
21. pan tinarka panggawene paman prabu | kang nyandi upaya | anane ditya jro puri | paman prabu nulak ing padu tan bisa ||
22. dadya [da...]
--- 25 ---
[...dya] atur pasrah sajroning kadhatun | marang ing Ngastina | lila rusaking jro puri | dèn sirnakna ditya kang sabèng jro pura ||
23. dadya sagung Kurawa manjing kadhatun | sakapraboning prang | nêdya nyêkêl marang mami | siji nora nana wani prak lan ingwang ||
24. yayi Prabu Ngamarta mèlu têtulung | marang wong Ngastina | nanging nora graitani | lamun ingsun ditya kang asabèng pura ||
25. duk samana Si Janaka nora mèlu | mring nagri Kumbina | tininggal tunggu nagari | tinimbalan mring yayi Prabu Ngamarta ||
26. kinèn mikut kang ngrusuhi jro kadhatun | watak Si Janaka | lamun pinasrahan kardi | marang kadang tuwa merang yèn luputa ||
27. kaya kucing pinasrahan buru tikus | wus tan etung sanak | sagon ingsun dèn palêcit | ingsun nuksma mring sabarang wruh kewala ||
28. ingsun rupa lêmut Si Janaka wêruh | rupa lawa kêmbang | ing kono kacandhak mami | tanpa bisa
--- 26 ---
lêmut mungsuh lawa kêmbang ||
29. nora nganggo sêmanak panyêkêlipun | pinadha lan kumpra | kêna ora dèn talèni | pinasrahkên bêbandan mring wong Ngastina ||
30. nanging ingsun merang sru suka linampus | ywa kongsi binănda | saure wus nora kêni | kêna ora dèn aturakên bêbandan ||
31. dumèh uwus parentahe paman prabu | mung kinèn nyêkêla | pan ora kinèn matèni | bangêt wêdi yèn dhinginana ing karsa ||
32. ing tyas ingsun ewuh sarta langkung gumun | duk tumindak pira | pamanamu lawan mami | têka dadak dèn plaur Pandhita Druna ||
33. ingsun emut Si Janaka tandhingipun | mung lan Si Sumbadra | sajêg-jêge gone tobil | awit bocah sapolah-polahe kalah ||
34. duk samana bibèkmu mèlu maring sun | marang pasanggrahan | Kumbina margane kêni | Si Janaka gêlêm matèni maringwang ||
35. iya iku
--- 27 ---
sun pasrahi bibèkamu | kari pasanggrahan | dèn rêksaa ingkang bêcik | aja kongsi dèn jarah mring wong Ngastina ||
36. wêkas ingsun utawa kon atur wêruh | marang ing Mandura | lamun ingsun wus ngêmasi | marga saking ngrusak sri nataning pura ||
4. Sinom
1. dhasare ingsun têmaha | pan ingsun arsa udani | kuwanène Si Janaka | marang bibèkamu kaki | marmane sun pasrahi | manawa wani anubruk | ing sawuse sampurna | kunarpaningsun binasmi | pamanamu banjur marang pasanggrahan ||
2. ciptane kaya iyaa | ing mêngko lamun kapanggih | dene wus padha suwungan | dhasare ingsun pasrahi | marma mêdêt tan sipi | kuwanène pamanamu | praptaning don wus samya | padha katêmu pribadi | nubruk manèh Si Janaka yèn wania ||
3. binănda nurut kewala | dhêlêg-dhêlêg tanpa budi | dosane kênèng patrapan | lupute dènnya ngukumi |
--- 28 ---
marang wong lambangsari | mung lanange kang linampus | ginawa mring Kumbina | dadi bandan dèn lakoni | Si Janaka pamrihe amung sapala ||
4. gêlême cinara kompra | panjaluke dèn turuti | kêkêmbêne Si Sumbadra | kang kinarya analèni | olèh gêpok sathithik | dèn lakoni tinalikung | sagung cèthi parêkan | gumêr gujêngira sami | amiyarsa pangandikane sang nata ||
5. dènnya carita ing putra | lêlampahanira nguni | satriya Andananjaya | dènira anahên branti | mring Dyah Banoncinawi | miwah kang putra turipun | gêrahira kang paman | pangamene mêlasasih | nganggo Rara Irêng wagu ing tênaga ||
6. rajaputri ing Kumbina | gumujêng dènnya nambungi | ingsun biyèn sêsêmbranan | guyon parikêna kaki | rada gugung sathithik | aluse bêbudènipun | satriya Madukara | durung tutug gonku angling | bibèkamu kalepat [ka...]
--- 29 ---
[...lepat] anuli lunga ||
7. gêtunku kaya matia | dèn nêngake kongsi mangkin | saenakane lungguhan | samangsane ngong prêpêki | nuli ngadêg nglungani | ngong uwuh nora sumaur | kapapag dalan nyimpang | sri narendra ngandika ris | cilik mula gone pan arsa sêmbranan ||
8. ewasamono manawa | ing samêngko tyase kêni | iya marang sutanira | hèh kulup bêcikirèki | banjura tamansari | seba marang bibèkamu | iya pêpucukana | kaya turira mring mami | malah-malah caritane wuwuhana ||
9. lêlakoning Madukara | lalarên sabarang liring | larasing lara asmara | lurusên kang mêlasasih | ngêse dèn rada mingis | nanging aja kongsi konus | manawa kaputungan | pamlimpingira dèn ramping | jroning matur wawasên ingkang waspada ||
10. sêsungute netyanira | padhang pêtênge ing liring | lamun pêtêng undurana |
--- 30 ---
pangarahira dèn ririh | lamun liringe bêning | iku dhêsêkên ing atur | osonên sawatara | nora dadi tyasirèki | kêkênyêre sayêktine amung sira ||
11. Dyan Sămba matur sandika | wus têlas wêling narpati | kang putra tur sêmbah mentar | saking ing ngarsa sang aji | laju mring tamansari | marganira pan anjujug | saking sajroning pura | cakêt gupit măndragini | bêbutulan gapura lit sri rinêngga ||
12. pan kaputrèn patamanan | nênggih ing Banoncinawi | prênah sakilèning pura | amung lêt banon sakêlir | rinêngga anglangkungi | sasat tamaning swarga gung | pêthetan warna-warna | myang kêmbang-kêmbang mêpêki | pêthetane samya pêthetan suwarga ||
13. myang kêmbang-kêmbange samya | sêsêkaraning swarga di | têngah sinung balekambang | akik cêmêng kang kinardi | rinênggèng sêsotya di | apan ing kono gonipun | Rêtna Wara Sumbadra | sinungan sanggar panêpi | pan pinindha [pini...]
--- 31 ---
[...ndha] candhi cêmpurung rinêngga ||
14. akik ijo kang kinarya | ingukir cinawi ngrawit | ing sêsotya nawarêtna | jumêrut nila widuri | têmpur lawan prabaning | botrawi muncar ngênguwung | lir mega ngêmu teja | wor lintang-lintang mariris | saubênge balekambang kêmbang-kêmbang ||
15. kêmbang ingkang jinêmbangan | umpake sadaya akik | jêmbangan gêdhah winarna | ing jawi pinacak suji | akik ijo kinardi | gêgapite akik wungu | waton talundhag pita | katon sing mandrawa kadi | kuwung-kuwung angawêngi kêmbang-kêmbang ||
16. cinatur pêthetanira | myang kêmbang-kêmbange sami | rone sawiji tan ana | kang garing tumibèng siti | tan kêna tuwa siji | tumruna salaminipun | myang salire wowohan | salamine angêmohi | kêmbang pêntil nyadham matêng sabên dina ||
17. tan wus lamun winuwusa | asrine kang tamansari | jatine taman pêpujan | nênggih ing Banoncinawi |
--- 32 ---
taman ing sriwêdari | kagungan Sri Sasrabau | cinipta mring Sri Krêsna | tibèng nagri Dwarawati | nyata lamun Danardana Wisnubrata ||
18. mangkana Wara Sumbadra | duk lagya siniwèng cèthi | munggèng nataring paningrat | paningrat ingkang botrawi | ngarsèng sanggar panêpi | Kèn Larasati nèng ngayun | yèku paliyanira | Kusuma Banoncinawi | pan arine Rêkyana Patih Udawa ||
19. warnanira yu utama | tan măntra lamun wong cilik | sêmbada dêdêg pidêgsa | pawakan lurus aramping | pamulu lantap lungit | gandhang manis ingkang têmbung | wasising pasang cipta | limpating graita lantip | nora wingwang dadi putrining narendra ||
20. sajatine apan nyata | Udawa lan Larasati | dudu sutèng Ăntagopa | apan trah kusuma yêkti | Udawa kang mancêri | sajatinira Sang Prabu | Basudewa Mandura | Larasati kang mancêri | Sang Aprabu Bismaka Natèng Kumbina ||
21. duk maksih Arya
--- 33 ---
Prabunya | caritanira ing nguni | Ăntagopa juru sawah | apan ta nora nganaki | rabinira yu luwih | tariman saking sang prabu | Basudewa Mandura | sabên-sabên sri bupati | amêng-amêng têdhak ing Widarakandhang ||
22. rabinira Ăntagopa | siyang dalu angladosi | wus kadya cèthi parêkan | apan maksih dèn karsani | marang sri narapati | anèng pasanggrahan agung | salaminya mangkana | kongsi patutan sawiji | mijil priya iya Ki Patih Udawa ||
23. wusnya patutan satunggal | mantun karsa sri bupati | mring rabine Ăntagopa | wruh ginanti mring kang rayi | nênggih ingkang ngarsani | sira Radèn Arya Prabu | punika purwanira | dadi Nikèn Larasati | pan satuhu putrine Natèng Kumbina ||
24. marmanya Wara Sumbadra | sihira nrus lair batin | paliyan inganggêp kadang | miwah Nikèn Larasati | lair batin kapati | sungkême mring gustinipun | sang
--- 34 ---
dyah alon ngandika | paran wartane ing jawi | ing lungane gustimu Paranggarudha ||
25. dene wus samadya căndra | ki putra tan ana prapti | mêng-amêng mring ngêndi baya | gawe sumêlanging kapti | tan gawa bala siji | Larasati nêmbah matur | gusti putra paduka | kawula midhangêt warti | ing samangke wontên nagri Madukara ||
26. pan sampun samadya căndra | mila lami anênggani | gêrahe Sang Dananjaya | sang dyah angandika aris | sapa ingkang wêwarti | yèn anèng kono gustimu | Larasati tur sêmbah | pukulun kang asung warti | ingkang abdi pun kakang Patih Udawa ||
27. tamuan Radèn Sucitra | Patih Madukara Gusti | wontên wismane pun kakang | ngantos sipêng tigang latri | punika kang wêwarti | sang rêtna ngandika arum | pêpatih Madukara | nganti nginêp têlung bêngi | apa mambu sanak lawan Si Udawa ||
28. kalawan lakune apa | matur Nikèn Larasati | gusti botên mambêt sanak |
--- 35 ---
saking sampun sae gusti | pun kakang sanjangnèki | Radèn Sucitra puniku | nguni putraning nata | ing pulo Pêthi kang putri | pan kêkalih kaboyong mring Madukara ||
29. Sang Prabu Darmawicitra | wartine ingkang sêsiwi | pambajêngipun wanodya | Dèwi Kanastrèn karabi | mring Lurah Sêmar nênggih | Sucitra panênggakipun | bagus maksih taruna | sêmbada prawirèng jurit | pan kinarya pêpatih nèng Madukara ||
30. warujunipun wanodya | anama Dèwi Sulastri | wartine ingkang wus wikan | warnane ayu linuwih | ing nguni maksih alit | nalika kaboyongipun | mangkya sampun diwasa | sêdhêng mêpêk ing birai | wartinipun pantês lamun kagarwaa ||
31. mring satriya Dananjaya | Kusuma Dèwi Sulastri | sêdhêng dêdêge pidêgsa | sarira gilig aramping | liringira amanis | gandês luwês ing pamuwus | kaduk raga karana | sasolahe ngrêspatèni | nanging mangke dèrèng kainggahkên [kainggahkê...]
--- 36 ---
[...n] garwa ||
32. maksih parêkan kewala | nanging dènnya nglêladosi | wus araga-raga garwa | pêpurunipun Sulastri | marang gustinirèki | purune kaparèng patut | dene Radèn Sucitra | gènipun prapta mariki | pan ngupados usadane gustinira ||
33. satriya ing Madukara | gêrahe nungsung jêjampi | pan sampun samadya căndra | dènnya kesah saking nagri | Radèn Sucitra gusti | nasak wana minggah gunung | manggihi pra pandhita | tan wontên ingkang kadugi | mulyakakên gêrahe Sang Dananjaya ||
34. wontên pandhita satunggal | punika kang angsung wangsit | gêrahe Radèn Arjuna | tămba salumahing bumi | tinamakêna sami | malah dadya sangêtipun | nadyan para jawata | paringa usada sami | datan mulya tambane amung satunggal ||
35. sarate kinèn ngupaya | layon sêkar ingkang saking | ukêling putri utama | putri adi ingkang lair | dintên Anggara [Ang...]
--- 37 ---
[...gara] Kasih | kang nungsang akalung usus | marma Radèn Sucitra | enggal jujuge mariki | kados kados sampun amiyarsa warta ||
36. gusti wiyosan paduka | wingi pun kakang apatih | Udawa ingkang amêksa | kawula kinèn bêktani | layon sêkar sakêdhik | punika purune mantuk | sang dyah rêngu ngandika | iku tatane wong ngêndi | nora lumrah wong lara tambane kêmbang ||
37. mung akale Si Sucitra | anuruti wong dalêming | kalamun ingsun wêruha | yêkti sira sun dukani | dèrèng dugi dènnya ngling | kasaru kang putra rawuh | sang dyah suka ngandika | dene lagi sun rasani | nuli prapta bêcik kang tinêmu baya ||
38. ing kene kulup banjura | Dyan Sămba mangsah ngabêkti | rinangkul lungayanira | sang dyah angandika aris | sira kulup mring ngêndi | mèh luwih samadya tèngsu | lunga tan nganggo warta | gawe sumêlanging ati | tanpa wadya kang putra lon aturira ||
--- 38 ---
39. kula dhatêng Madukara | mila botên mawi pamit | bibi dhumatêng paduka | miwah ing kangjêng rama ji | saking gugup tan sipi | dènnya dalu praptanipun | cundaka Madukara | amung kalawan turanggi | animbali sarta maringi uninga ||
40. lamun sangêt gêrahira | aturing duta manawi | kawula ngêntosi enjang | dinugi botên mêningi | milane kawula glis | gugup mangkat dalu-dalu | tan ngantos bêkta bala | mung lan duta kang nimbali | sêsandêran enjang prapta Madukara ||
41. sayêktos aturing duta | prapta kawula mêningi | jêng paman maksih kantaka | rinubung dipun tangisi | mring panakawan kalih | pun Sêmar Bagong pukulun | nèng taman Madugănda | langkung dènnya amlasasih | salamine gêrah nèng taman kewala ||
42. dene sagung wadyanira | ing Madukara jalwèstri | sadaya datan linilan | sumiwi mring tamansari | tinilar dalêm sami | lawanging taman tinutup |
--- 39 ---
langkung anèh karsanya | gêrah mèh antara lalis | datan arsa tininjo ing kadang warga ||
43. paman prabu ing Ngamarta | dènnya têdhak kaping kalih | sumêdya amondhongana | lawan sagunging para ri | nanging tan dèn panggihi | kang raka tinulak wangsul | marma mutung sadaya | nulya kondur dhatêng nagri | paman Prabu Ngamarta angraras driya ||
5. Mijil
1. praptèng mangke tan wontên têtuwi | para kadang tamboh | èngêtipun saking antakane | pan kawula pêtik wali-wali | talingane kalih | wungu pungun-pungun ||
2. aningali maring kawula glis | lênggah ngrangkul alon | sarwi ngrêrêpa pangandikane | yèn ajaa kulup sira prapti | ing sadina iki | yêkti ingsun lampus ||
3. nora nganggo dina sesuk saking | bote laraningong | lara ing sajagad iki kabèh | sinandhangkên marang awak mami | maksih sinung urip | nanging sasat lampus ||
--- 40 ---
4. tinimbanga lan rubuhing wukir | bote yèn binobot | maksih abot lara ngong yêktine | soring wiyat tan ana nimbangi | mêngko sira prapti | rasaning tyas ingsun ||
5. kaya-kaya lamun bisa urip | wurung praptèng layon | iya saking praptanira radèn | ingkang sasat dadya maosadi | pamurunging pati | panancanging umur ||
6. dadya mêngko raganingsun iki | kasrah ing nak ingong | mati urip saking sira radèn | bisa urip yèn sira uripi | tulus praptèng pati | yèn sira kang nglampus ||
7. wus mangkono rasane tyas mami | sakarsanta dados | angrèh raganingsun ing sakiye | abang biru wus anèng sirèki | dèrèng ngantos dugi | ing pangrêpanipun ||
8. nuntên jêtung dhêlêg-dhêlêg sarwi | waspanya drês miyos | dangu-dangu salin andikane | singga ngrêrêpa angarih-arih | kang sinambat naming | Rara Irêng gunung ||
9. adoh têmên lan [la...]
--- 41 ---
[...n] rarene nguni | warnane samêngko | sapa nyana mangkono dadine | soring wiyat sun durung udani | wong kang bisa salin | rupa kaping têlu ||
10. iya amung Rara Irêng wukir | duk maksih nèng dhukoh | bangêt wagu dhoso pasêmone | irêng mangkak tur rada basisik | rambut abang kusi | kanginan maruwun ||
11. nuli ingsun apêpanggih malih | nalika nèng dhukoh | wiwit rada manglingi warnane | irêng kusi dadi irêng manis | rambut abang kusi | dadi rada bangcuk ||
12. solah wagu mèh rada rêspati | sêmune kang dhoso | dadi ruruh jatmika sêmune | dèrèng dugi Dyan Sămba turnèki | sang dyah duk miyarsi | langkung rêngunipun ||
13. sira iki apa ta dalêming | anèng ngarsaningong | lagi prapta dadak angêtèprès | barang kăndha sapa kang ngopahi | lagi dèn kangêni | dadak anggadêbus ||
14. ingsun ora nanggap ing sirèki | minggata dèn adoh |
--- 42 ---
Radèn Sămba uninga sêmune | lamun ingkang bibi èsmu runtik | ature sinambi | sêmbrana gumuyu ||
15. inggih sampun lamun tan marêngi | gèn kawula ngobrol | mung paringa lêlorodan bae | kula bibi sayêktine ngêlih | sadintên tan bukti | mêntas lampah dalu ||
16. sawêg prapta lajêng dèn timbali | ing rama sang katong | mundur saking pura lajêng bae | marêk dhatêng paduka puniki | mila sangêt ngêlih | sang dyah ngandika rum ||
17. iya kulup padha lawan mami | samadya pancorong | salawase sira lunga radèn | ingsun tajin dhahar lawan guling | mêngko sira prapti | riaya wak ingsun ||
18. Larasati ladèkna dèn aglis | sêsaosan ingong | ingsun dhahar lan gustimu kene | Larasati ngladoskên tumuli | dhahare sang dèwi | kuluban sarwa rum ||
19. mênur gambir kênanga mêlathi | cêpaka argulo | kang rinawis kinulub bubune[3] | anggi-anggi [anggi-...]
--- 43 ---
[...anggi] ingkang wangi-wangi | kongas gandanya mrik | Dyan Sămba tanya sru ||
20. apa iku dhahare jêng bibi | rupane mangkono | ting kalênyit awangi gandane | matur nêmbah Nikèn Larasati | sagung wangi-wangi | gusti kang kinulup ||
21. Radèn Sămba sêdhakêp dènnya ngling | yèn kaya mêngkono | kang dhinahar jêng bibi sakèhe | wataraku wong Batacinawi | barang lara kalis | mulês lawan ngêlu ||
22. lara wêtêng rumab lan panastis | dèngkèk miwah encok | lamun ana wong lara ing kene | binêkêma bae mring jêng bibi | sayêktine mari | tan susah dhêdhukun ||
23. gumêr gujênge parêkan cèthi | sang rêtna malerok | sarwi balang sadak mring putrane | bangêt têmên lonyote ki mantri | mèmpêr sri bupati | duk nèm-nèmanipun ||
24. rada kaduk cucut ngrêspatèni | ngangêni kang tumon | Larasati nambungi ature | malah tutuk ingkang putra gusti [gu...]
--- 44 ---
[...sti] | cucut tungtung manis | rakanta sang prabu ||
25. cucutipun tinandukan liring | nyênyêde sakêbon | Radèn Sămba dangu ngawasake | yèn kang bibi liringe wus bêning | sêsunguting runtik | sinawang asamun ||
26. dukanipun ora nrus ing galih | kèndêlnya sang sinom | mangên-angên ing rèh upayane | wusirantuk nêmbah matur aris | sowan kula bibi | jatose ingutus ||
27. mring paduka maringi udani | ing rama sang katong | kalawau tamuan dutane | ratu sabrang kêkalih nagari | samya mawa tulis | katur rama prabu ||
28. kang satunggal Jongparang Narpati | Prabu Bajobarong | gêng aluhur ngajrihi dhapure | yèn siyunga wus kadya rasêksi | godhèg wok jenggot bris | rambute angêduk ||
29. brêngos kokop netra bidho mati | alise mêngkorog | langkung saking dêgsura sêrate | pan anglamar mring paduka bibi | tan kenging tinampik [tina...]
--- 45 ---
[...mpik] | adrêng karsanipun ||
30. yèn paduka tan arsa nampèni | sayêkti rêrêmpon | Prabu Bajobarong botên wande | sawadyane nêkani ngajurit | nagri Dwarawati | dinadèkkên awu ||
31. sipat lanang kabèh dèn patèni | èstrine binoyong | dene ingkang satunggal sêrate | Ratu Paranggănda atur putri | kawula kang pinrih | praptèng prajanipun ||
32. nontonana mring putrinirèki | yèn pinuju jodho | ingaturkên samăngsa-mangsane | mring kawula marêkan anyèthi | Dèwi Găndawati | ing jagad pinunjul ||
33. kaduk raga karana mantêsi | tan wontên winaon | dêdêg pidêgsa sêdhêng gêdhene | sarirane gilig lurus ramping | pamulune manis | sêdhêp ingkang têmbung ||
34. dene raka paduka sang aji | ing galih wus condhong | kula kinèn ningalana mangke | ing warnane Dèwi Găndawati | kang kalokèng bumi | yèn kawula
--- 46 ---
sampun ||
35. sênênging tyas kinèn lajêng panggih | lawan sang lir sinom | wontên nagri ing Paranggandane | lamun sampun ing kawan dasa ri | jêng rama nimbali | ngundhuh mantunipun ||
36. karsanipun bayangkari nanging | kawula sru mopo | nêmah lamun manggiha dukane | yèn kawula kantosa nglangkahi | mring paduka bibi | mendah ta lokipun ||
37. gupuh-gupuh arsa mondhong putri | wong tuwane wadon | maksih kênya tan ana cacade | mulus nora gèthèk nora ciri | têka dèn langkahi | krama numbuk-numbuk ||
38. nora nganggo tataning aurip | wong laku mangkono | paran baya kang tinêmu têmbe | yêkti makotên ucaping bumi | mila kula mangkin | dahat kamipurun ||
39. gadhah atur mring paduka bibi | nênuwun sayêktos | Prabu Bajobarong panglamare | mugi-mugi paduka tampèni | wontêna sakêdhik | sore warnanipun ||
40. nanging datan kuciwa [ku...]
--- 47 ---
[...ciwa] ing bumi | mêngkua praptèng don | mring paduka dene ratu gêdhe | awibawa sinêmbah para ji | sang dyah duk miyarsi | kang putra turipun ||
41. langkung saking kumêpyur ing galih | lir sinênggrang ing mong | tarataban muriring wulune | lir sinasag gumêtêr dènnya ngling | pagenea gusti | sira dadak lumuh ||
42. ing karsane ramanta sang aji | aja sira mopo | kinèn krama apan wus sêdhênge | tampanana Dèwi Găndawati | kang nêdya kapati | nganthi ing sirèku ||
6. Kinanthi
1. aja sumêlang ing kalbu | krama dumèh anglangkahi | marang ing sariraningwang | wêdi bokmanawa kêni | singkêl sikuning jawata | nora dadi ngapa kaki ||
2. yèn wus lila raganingsun | malah tinêmune bêcik | walêr sangkêre tan ana | miwah pocapaning bumi | dene kulup raganingwang | sasat wus prasêtya batin ||
3. sarambut pinara pitu | durung cipta nambut krami | lair batin wus narima |
--- 48 ---
momong sira bae kaki | age nuli tampanana | Rêtna Dèwi Găndawati ||
4. ingsun anggèr arsa wêruh | mring bakale mantu mami | putrine wong Paranggănda | ingkang kaloka ing bumi | ayu tur raga karana | nuli pêputraa gusti ||
5. sun sinau momong putu | mendah sukane tyas mami | kang putra bêkuh turira | witning tyas kawula bibi | ing siyang dalu kadya gya | mondhong Sang Dyah Găndawati ||
6. mangun langêning kung lulut | manungku rarasing rêsmi | yèn ta sampuna kapalang | sumêlanging manah maksih | ajrih sikuning jawata | miwah pocapaning bumi ||
7. dede gênggênging pakewuh | bêbaya kang bêbayani | upaminipun kawula | nêmpuh byat purun nampèni | dhatêng Putri Paranggănda | măngka paduka anampik ||
8. mring Bajobarong Sang Prabu | punapa ta eca bibi | gèn kawula pangantenan | lawan Dèwi Găndawati | sêdhêng lagya sih-sinihan | yêkti [yê...]
--- 49 ---
[...kti] lajêng pothar-pathir ||
9. gègèr kabur dening mungsuh | Bajobarong anêkani | krodhaning sawadyanira | gêpuk nagri Dwarawati | paduka ingkang rinêbat | pinrih madyaning ajurit ||
10. măngsa wandea kacakup | sintên nagri Dwarawati | atênggulanging ayuda | andêle amung sawiji | paman Arya Wrêsniwira | mung pupuh rosaning jurit ||
11. ngandêlkên tosing bêbalung | kêncênging ototirèki | lawan têguhe kewala | tanpa guna tanpa sêkti | nadyan sungsuma gêgala | otot kawat balung wêsi ||
12. botên wande rêmpak rêmpu | pintên kuwate wong siji | nadyan silih dèn abêna | aprang tandhing sami siji | lan Bajobarong Jongparang | têtandhingan dede tandhing ||
13. nadyan sami rosanipun | kantun gagah gêng ainggil | samia bêtah kuwatnya | kantun têguh tusing jurit | samia têguh wantala | kantun guna kantun sêkti ||
14. lawan kantun sagêd mabur | pangandikane [pangandika...]
--- 50 ---
[...ne] rama ji | Bajobarong kyating jagad | manungsa diyu rasêksi | ratu sakurêbing wiyat | tan wontên ingkang kuwawi ||
15. anadhahi krodhanipun | tandhinge amung sawiji | jêng paman ing Madukara | kapalang gêrah ing mangkin | mila sangêt tur kawula | mugi paduka tampèni ||
16. Bajobarong ratu punjul | sang rêtna rêngu dènnya ngling | lamun Bajobarong mêksa | sakirane anêkani | masesa mring wong tan arsa | kudu ngrabasèng ajurit ||
17. aja sira mèlu-mèlu | ingsun dhewe kang nglabuhi | dadi bantêning nagara | mamrih pati lêbu gêni | miwah pati suduk jiwa | mung sira tulusa mukti ||
18. lawan ramanta sang prabu | kang putra jêlèh turnèki | lawan anungkêmi pada | bênêr jêng rama dènnya jrih | tan arsa anari krama | mangkene tyase jêng bibi ||
19. idhêpe mung nganyut tuwuh | nora măntra-măntra galih | angeman ing kadang warga | miwah rusaking nagari [naga...]
--- 51 ---
[...ri] | tangèh lamun anggaliha | wêlas marang awak mami ||
20. kaya ta nguni ingkang wus | kocap kudanganirèki | jêng eyang swargi Mandura | wus pinacang jodho pasthi | lan jêng paman Madukara | tan kalakon praptèng mangkin ||
21. ana pindhanira lumuh | mênèk tan kolune saking | akrama kadang nak-sanak | mêngko ana maning prapti | ratu agung ing Jongparang | mêksa tan arsa nglakoni ||
22. paran ta ing karsanipun | dhuh bibi bilih wus pasthi | makatên karsa paduka | kapati mung mamrih pati | kawula măngsa kantuna | sayêktine anglabuhi ||
23. bela wong sapraja lêbur | ayya na kari sawiji | katuwone raganingwang | lagya na sênênging ati | putri adi Paranggănda | kapalang belani pati ||
24. dhuh bibi pukulun ulun | nuwun pamit sapuniki | pêjah nèng ngarsa paduka | gêsang tan sagêd ningali | lêbur risaking nagara | luhung pêjah adhingini ||
25. Dyan Sămba [Să...]
--- 52 ---
[...mba] sawusnya matur | narik curiganira glis | wus pinusthi pucukira | binênêrkên kulung ati | kantun gêcose kewala | sang dyah kumêpyur ningali ||
26. kang putra sigra rinangkul | sarwi dhêg-dhêgan dènnya ngling | dhuh-dhuh adhuh kulup aja | mangkono tyasira gusti | nganyut pati tan sayogya | siniku ing jawata di ||
27. dene ta karêpirèku | padha pinikir kang bêcik | Radèn Sămba duk miyarsa | pangandikane kang bibi | langkung sukaning wardaya | satata lênggahe malih ||
28. nanging ta sang rêtna sampun | uninga ing dalêm batin | marang sêmune kang putra | yèn gutuk lor kidul pinrih | gutuk kulon amrih wetan | mring Bajobarong mung lair ||
29. mring Sang Parta batinipun | sang dyah ngunadikèng galih | apa wus karsaning dewa | yèn wong ika pasthi dadi | pangajapan ingsun tawang | marga saka bocah iki ||
30. apa ta baya bangipun | wong ika mring anak [a...]
--- 53 ---
[...nak] mami | duk ana ing Madukara | kinurung samadya sasi | mulih têka gawe beka | tan kêna dèn tanggulangi ||
31. dènnya ngrubuhkên maring sun | kapati-pati toh pati | sun cobane apa nyata | mring Bajobarong tyasnèki | bok aja agawe gêlar | wong tuwa sok dèn kilapi ||
32. dèn kêlamarana rambut | calorote sun udani | dadya ris dènnya ngandika | iya kulup yèn wus pasthi | mring Bajobarong Jongparang | brangtane tyasira kaki ||
7. Asmaradana
1. sayêktine sun lakoni | wit saking pamêksanira | miwah sang prabu karsane | paran gon ingsun lumuha | kang putra duk miyarsa | malênggong tyase manjêlut | ririh kêmba aturira ||
2. yèn pangraos kula bibi | bêbêtahan wus prayoga | mêngkua mring sarirane | dene ratu gung misesa | asêkti măndraguna | mung sakêdhik manah ulun | mring jêng paman Madukara ||
3. manawi [ma...]
--- 54 ---
[...nawi] kalihe maksih | èngêt darbe pêpacangan | têmah kalap liyaning wong | yêkti yèn wungu dukanya | inggih măngsa dangua | amrih pêjah gêsangipun | mring Bajobarong Jongparang ||
4. sakêdhap kewala mati | sanadyan silih sampuna | mupus yèn dèrèng jinodho | nanging watawis kawula | samangsanipun mulat | ing cahya mindha sitèngsu | kadi yèn sami sakala ||
5. saputing tyas ambêg pati | ketang kang kadya sasăngka | Bajobarong botên wande | janggane pêdhot tinigas | paduka kantun răndha | namung punika pukulun | sumêlange tyas kawula ||
6. sang kusuma duk miyarsi | marang ature kang putra | lathinira cinawowo | pan sarwi jinêngkang-jêngkang | sirèku bocah apa | têka calêbang-calêbung | nora kêna ginugua ||
7. mêngko sumêlanging ati | mring Bajobarong Jongparang | ngalih marang kêkênyêre | măngsa dadak sun tan wikan | kang dadi [da...]
--- 55 ---
[...di] sir tyasira | condhong lawan sang aprabu | tan liyan marang wong ika ||
8. lah ta wis matura kaki | mring ramanira sang nata | lamun wus pasthi karsane | ingsun kinèn amawongan | marang wong Madukara | ing saiki ingsun turut | ananging sira matura ||
9. sun nênuwun tiba sampir | kris wasiyat Madukara | Si Pulanggêni arane | lan ing kana duwe bocah | pawartane boyongan | ing nguni putraning ratu | maksih rare yu utama ||
10. arane Dèwi Sulastri | iku besuk kagawaa | kêris praptane marene | dèn suka lila trus ing tyas | apa sakarêp ingwang | aja garantês ing kalbu | karana kêris wus dadya ||
11. sasrahan patiba sampir | miwah bocahe boyongan | sayêkti wus duwèk ingong | ing samăngsa-măngsa prapta | Dwarawati nagara | kêrise lan bocahipun | esuk sore ngong sumăngga ||
12. sakarsane sri
--- 56 ---
bupati | dene yèn ora katêkan | iyèku panjaluk ingong | yêkti wadat tanpa krama | upamane pinêksa | pira larane wong lampus | sang dyah sawusnya ngandika ||
13. malêbèng dalêm botrawi | Radèn Sămba duk miyarsa | ingkang bibi andikane | langkung cumêplong tyasira | suka matur ngrêrêpa | dhuh bibi wong tuwaningsun | inggih sampun walangdriya ||
14. kawula inggih nyagahi | bibi pamundhut paduka | kadi samăngsa-mangsane | dhuwung lan rare praptanya | Dwarawati nagara | sang rêtna ngandika asru | saking jroning madeyasa ||
15. lah ta wis aja cariwis | dèn age sira matura | aja kasuwèn nèng kene | yèn akèh-akèh lingira | sun jabêl wuwus ingwang | ingkang wus kawuwus mau | sida wadat tanpa krama ||
16. Radèn Sămba miyarsa jrih | mundur sarwi latah-latah | saking botrawi wus miyos | laju wangsul mring jro pura | marêk [ma...]
--- 57 ---
[...rêk] ing sri narendra | maksih lênggah sang aprabu | lan pramèswari katiga ||
17. duk katingal kang putra glis | ingawe majêng tur sêmbah | sang prabu ngandika alon | kulup dèn kaparèng ngarsa | paran ta lakunira | sun tingali dene gupuh | apa baya olèh karya ||
18. ingsun lan ibumu nganti | kang putra umatur nêmbah | pukulun dede wadose | galihe rayi paduka | gawat kaliwat-liwat | tan kenging kagêpok ngatur | mantêp tur tega palastra ||
19. kantos anêlaskên gêndhing | gèn kawula karya gêlar | ing ngajêng anjêjêrake | jêng paman ing Madukara | sangêting gêrahira | saliring pangamenipun | myang dènnya kawêlasarsa ||
20. anuntên kawula kardi | gêlar barang bêbarongan | ing Jongparang Bajobarong | anglamar mring kang sarira | pamrih ulun gilaa | ing galih sagêda ambyuk | mring jêng paman Madukara ||
21. inggih gila inggih ajrih | mring Bajobarong [Ba...]
--- 58 ---
[...jobarong] Jongparang | pan mung galih pangungsène | ing suduk jiwa kewala | nuntên kawula karya | ratu ing sabrang pukulun | nagrine ing Paranggănda ||
22. ngaturkên putrinirèki | diwasa dèrèng akrama | ingkang mungêl jro surate | jinodho lawan kawula | putri ing Paranggănda | kasub ing jagad pinunjul | ayu tur raga karana ||
23. jêng paduka wus marêngi | nanging kawula lênggana | nglangkahana sarirane | ajrih sikuning jawata | pan ing pamrih kawula | wêlasa dènira dulu | saking pamothah kawula ||
24. diwasa dèrèng akrami | jêng bibi nuntên galiha | inggih dhatêng pacangane | komadaka Paranggănda | sadaya tanpa dadya | panuju sagêdira nut | kawularsa suduk jiwa ||
25. kadya carita turnèki | narpaputra mring kang rama | purwa madya wasanane | wus ingaturkên sadaya | kang bibi panuwunnya | suka gumujêng sang prabu | myang pramèswari katiga ||
26. Kusuma Dèwi Rukmini | alon [a...]
--- 59 ---
[...lon] dènira ngandika | mendah ta baya opahe | pamanamu Madukara | besuk marang ing sira | jaluka rabi rong puluh | sanadyan patang puluha ||
27. putri kang ayu linuwih | yêkti yèn sira katêkan | anjaluka upamane | isining Endrabawana | kaya lamun katêkan | wus prasasat utang umur | pamanamu marang sira ||
28. sri narendra ngandika ris | sapa ta iku kang marah | bibèkamu panjaluke | apa dewa suralaya | hèh kulup wruhanira | kang jinaluk bibèkamu | kêris pusakaning dewa ||
29. jangjine apan wus pasthi | sapa kuwasa nganggoa | kris Pulanggêni yêktine | nurunakên para raja | kang mêngku tanah Jawa | dene ta dènira jaluk | mring bocah wadon boyongan ||
30. sêmune ing dalêm batin | amrih utamaning krama | kapindho iku karêpe | katêmua jakalara | kalawan Si Janaka | hèh pramèswari katêlu | padha sira sudhiyaa ||
--- 60 ---
31. sauparêngganing kardi | aja kongsi kêkurangan | kaya-kaya lamun gêdhe | yayi dhayohira benjang | dhaupe arinira | sanak-sanak wong tuwamu | sayêktine kabèh prapta ||
32. Ngamarta tan beda yayi | tuwa anom santananya | pasthi padha ngiringake | malah ing wataraningwang | dhaupe Si Sumbadra | lan Si Dananjaya iku | sira kongsi kadhayohan ||
33. dewa miwah widadari | yèn salamêt ingsun angkah | besuk sasi ngarêp manèh | sêdhêng wus padha samêkta | ing kene lan Ngamarta | hèh kulup jaba sirèku | lawan Si Patih Udawa ||
34. iya dèn samêktèng kardi | garwa tri miwah kang putra | samya sandika ature | sang nata nimbali sigra | mring Arya Wrêsniwira | wus prapta jroning kadhatun | ngaras padaning sri nata ||
8. Sinom
1. sang prabu alon ngandika | hèh yayi dandana aglis | ingsun duta mring Ngamarta | ngaturake layang mami | marang ing
--- 61 ---
yayi aji | sêrat pinaringkên sampun | sinung wruh liring karsa | kang dadya lampahirèki | Wrêsniwira langkung sukaning wardaya ||
2. wus têlas wêling narendra | sumêmbah satriya kalih | sarêng mijil saking pura | sapraptane păncaniti | Radèn Arya Sêtyaki | wus samêkta wadyanipun | budhal saking nagara | tan ambêkta dharat siji | upacara sami sanginggil turăngga ||
3. kunêng ta datan winarna | ingkang lêlampah nèng margi | Radèn Arya Wrêsninira | gantya winursitèng kawi | nênggih Ngamarta nagri | Pandhu Dewanatasunu | ratu mahardikèngrat | ambêg pandhita linuwih | Pandhuputra jumênêng Nata Pandhawa ||
4. pêkik pindha Hyang Asmara | pêparabirèng narpati | Prabu Guna Talikrama | iya Sang Yudhisthira Ji | Darmaputra Narpati | Sri Darmawăngsa pinunjul | pêparab Kuntadewa | liring Kuntadewa dening | ratu madyapada wus pangawak dewa ||
5. myang ing pujamantranira [puja...]
--- 62 ---
[...mantranira] | luwih saking pra maharsi | marma nama Yudhisthira | ambêg wiyar lir jaladri | amot momot ing budi | ala bêcik pan kawêngku | marmanira pêparab | Prabu Darmaputra nênggih | pan pinundhut putra ing Bathara Darma ||
6. marma nama Darmawăngsa | dènira darma dadya ji | purune saking pinêksa | dening sagunging para ri | gêmah rusaking nagri | obah osiking wadya gung | wus dening ari samya | sang prabu tan angawruhi | marmanira nama Guna Talikrama ||
7. guna ingugêran krama | lêmbah manah lusing budi | pangandika mung sapisan | sêtya tuhu marang jangji | anrus gêtihe putih | êninging tyas sucinya rum | suka lila ing dunya | lêgawa tega ing pati | yèn lumraha patine kinarya dana ||
8. lirira Nata Pandhawa | kadang gangsal priya sami | tan ana sulayèng karsa | sabiyantu nunggal budi | ing galih dadi siji | rêmak rêmpu sarêng tumpur | jangji sabaya pêjah |
--- 63 ---
yèn tiwasa salah siji | ingkang kantun sakawan bela palastra ||
9. panênggakirèng Pandhawa | satriya ing Jodhipati | nama Radèn Wrêkudara | pikukuh suhing nagari | gêdhig manggalèng jurit | Ngamarta kang minăngkamuk | ugêr ngasmarèng laga | tatênggulanging praja di | apêparab Sang Arya Bimarya Sena ||
10. dêdêg gung rowa berawa | bêbalung balengah kuning | bêbau rowa parusa | rêngrêng sêrênge ngajrihi | sirung srompoting rawis | mêngkorok angulêr taun | godhèg piyak nglar badhak | gumêlêng jenggot mêlingi | dhadha papak simbar jaja palawangan ||
11. rema bakung ngandhan-andhan | wuluning asta angisi | imba têpung ngapurancang | jênggurêng netyanirandik | singa pinandêng liring | kêkês bayunira racut | waja blah yèn ngandika | garap gumrêgêt ngajrihi | nama mawut ing budi sêmbadèng wanda ||
12. lire nama Wrêkudara | kadang kang panênggak nênggih | Bima gêng
--- 64 ---
inggil têgêsnya | ngungkuli kadange sami | Bayusuta ingambil | putra ing Bathara Bayu | têgêse Bratasena | mêngku ing lampahirèki | liring abirawa luwih saking jêmbar ||
13. ambêg lêgawa pasaja | iya lair iya batin | awantah nora karenah | yèn wêdia padha wêdi | yèn wani padha wani | padha mêngko gothak-gathuk | nya dhadha êndi dhadha | yèn nêdya la sun alani | lamun nêdya bêcik ya padha raharja ||
14. êndi iku iki ênya | dhêdhasar rahayu budi | marma sagung wadyabala | Ngamarta samya jrih asih | yèn ing murka sirnanting | mêmala dursila lêbur | dening Sang Arya Sena | pangrèhing rat mracayani | bakuh kukuh ajêg tindaking nagara ||
15. adining kadang sadaya | pamadya Radèn Prêmadi | satriya Andananjaya | wong agung Madukara di | Arya Parta lan malih | Arjuna jêjulukipun | inggih Radèn Janaka | pêparab Prabu Kalithi | abêbisik ya Radèn [Radè...]
--- 65 ---
[...n] Endratanaya ||
16. têgêse Endratanaya | dènira pinundhut yêkti | putra marang Batharendra | têgêse Prabu Kalithi | sugih gêlaring jurit | myang gêlar marang para rum | widagdèng priyêmbada | pangudinirèng kênya di | lamun sampun sinêdya pilih tan kêna ||
17. marma parab Dananjaya | guna kasêktènirèki | prasasat kinarya dana | yèn ana para narpati | sinikarèng ajurit | lamun arsa minta tulung | tuwin para pandhita | yêkti age dèn tulungi | nadyan dewa kathah sami minta sraya ||
18. marma pêparab Sang Parta | Parta srêp têgêsirèki | angadhêmi sabuwana | martanira maratani | wèh ayêming sabumi | mêmayu yuning tumuwuh | marmanya apêparab | Rahadèn Janaka dening | agung dadya pangungsèning duka cipta ||
19. kèh luwar saking Sang Parta | kang samya nandhang prihatin | marma pêparab Arjuna | têgêsira banyu munggwing | wêwadhah mênêng wêning | Arjuna bêbudènipun [bêbu...]
--- 66 ---
[...dènipun] | kêdhung kêna jinajag | munggèng sadhasaring bumi | pan gumawang katon nèng langit kasapta ||
20. kêkêjêr nèng antariksa | katon sadhasaring bumi | atambuh nanging wêweka | lena prayitna ing batin | sêsak mring wiyar nanging | bisa logro maring ciyut | muluk kalokèng jana | tan kêna cinakrèng budi | wêwadine pamadyanirèng Pandhawa ||
21. abagus datanpa sama | ruruh tur alus ing budi | ambêgnya lir mênyan kobar | jatmika sih ing kaswasih | wadya Ngamarta nagri | gêng alit samya sih lulut | marang Sang Dananjaya | dadya kêmbanging praja di | măngka teja kêkuwunging jagad traya ||
22. pambajêng panênggakira | pamadya patutnya saking | rajaputri ing Mandura | nênggih Rêtna Dèwi Kunthi | sumêndhi lan wuragil | mijil kêmbar patutipun | Rajaputri Mandraka | nênggih Rêtna Dèwi Madrim | sumêndhine anama Radèn Nangkula ||
23. waruju Radèn Sadewa | warnanira pêkik-pêkik | Nangkula ing têgêsira [têgê...]
--- 67 ---
sira | kawula sang dewa gusti | apan nama sawiji | dèn anggo wong roro iku | Nangkula lan Sadewa | ing laire katon kalih | ing batine pan amung wujud satunggal ||
24. warnanya kêmbar wus samya | budine dadi sawiji | laire sarêng kewala | marmanya nama sawiji | dèn anggo wong kêkalih | pan mung siji têgêsipun | Nangkula lan Sadewa | tuduh mring kawula gusti | kêmbar rupa kêmbar solah kêmbar swara ||
25. radèn kalih datan arsa | darbea budi pribadi | mung manut sakarsanira | nênggih ingkang raka katri | siyang pantara ratri | barang rèhira tinurut | têtêp Nata Pandhawa | gangsal tyase dadi siji | lara pati ing pratingkah nora gothang ||
26. marmanya sinung nugraha | dening Sang Hyang Utipati | pustaka kalimasada | Sri Yudhisthira Narpati | têgêse maosadi | kalimasada puniku | tambane wong lêlima | yèn ana ingkang ngêmasi |
--- 68 ---
dèn ungkuli pustaka kalimasada ||
27. sayêkti sakala mulya | nahên ta ingkang winarni | samana Sri Yudhisthira | sêdhêngnya lagya siniwi | ari têtiga ngarsi | Dyan Wêrkudara nèng ngayun | Nangkula lan Sadewa | sri bupati ngandika ris | Wrêkudara paran mêngko kanthinira ||
9. Kinanthi
1. Si Janaka laranipun | wartane saya ngranuhi | agung dènira kantaka | apa ta nora pinikir | ngupaya wong guna bisa | kang sayogya ngusadani ||
2. nora kêna sira tambuh | larane arinirèki | nuli sira ngupayaa | usada ingkang sayêkti | takona para pandhita | kang padha martapèng wukir ||
3. kang rayi sumaur sêndhu | bonggan gawe kang amikir | ing larane Si Janaka | tămba salumahing bumi | sayêkti măngsa warasa | lara ginawe pribadi ||
4. bature ana kang tutur | larane nganggo dalêming | kang dèn ame nora liya | amung Rara Irêng
--- 69 ---
wukir | gawene sok mantun gaga | diwasa têka manglingi ||
5. hèh ta lara apa iku | mangkono dènnya dalêming | kajaba kaworan gêlar | pasthi yèn larane kêni | sambang brăngta mring Sumbadra | têluh ing Batacinawi ||
6. yèn sirage arsa wêruh | warase arinirèki | sarate gampang kewala | kajaba sira tambani | ing uyuhe Si Sumbadra | sayêktine nuli mari ||
7. sajêg ingsun durung ngrungu | wong lara satêngah mati | nora kêna tininjoa | mring kadang wargane sami | amung lagi Si Janaka | lara ngewakakên ati ||
8. sang nata ngandika arum | witning mangkonoa yayi | nora kêna dèn ênêngna | kadawan-dawan sayêkti | larane tanpa wêkasan | Wrêkudara anauri ||
9. yèn sira bobot maring sun | pan amung pikir sawiji | tinêmbung marang Si Krêsna | pasaja nora kêkêlir | awèha nora awèha [a...]
--- 70 ---
[...wèha] | sayêkti sun jaluk wani ||
10. Si Sumbadra dhaupipun | lawan Si Janaka nuli | aran wus pacangan lama | dadi bithèn sun lakoni | lan Si Krêsna Baladewa | sang prabu ngandika aris ||
11. bênêr pikirira iku | nanging kêkasarên yayi | ingsun yèn nusu-nusua | ing panuwun bangêt wêdi | marang kakang Prabu Krêsna | dene ingsun wruh pribadi ||
12. natkalane kaka prabu | jumênêng nèng Dwarawati | nari mring Wara Sumbadra | wali-wali durung apti | tan lyan mung Si Dananjaya | panggalihe sri bupati ||
13. ing samêngko lagi durung | ana karsane dewa di | wau sang prabu kang lagya | agunêm lawan kang rayi | dèrèng tutug angandika | kasaru obahing jawi ||
14. Nangkula gya nêmbah mundur | mariksa wangsulira glis | matur yèn wontên caraka | saking nagri Dwarawati | yayi mas ing Lesanpura | praptanipun mundhi tulis ||
15. kagyat ngandika Sang Prabu | Nangkula iritên aglis | aja [a...]
--- 71 ---
[...ja] kasuwèn nèng jaba | Nangkula tur sêmbah mijil | praptèng jawi panggih lawan | Sêtyaki wus dèn dhawuhi ||
16. lajêng kerit lêbêtipun | praptèng byantara narpati | nêmbah matur yèn dinuta | ing raka Sri Harimurti | ngaturakên kang nuwala | sang prabu gupuh nampèni ||
17. kang sêrat binuka sampun | winaca sinuksmèng galih | putusing pamaosira | mèsêm ngandika sang aji | hèh ta yayi Wrêsniwira | apa baya wus kaèksi ||
18. ing saobah osik ingsun | mring Sang Prabu Harimurti | nora kêna kasamaran | mau lagi sun rasani | ing larane kakangira | lagi mingkêm sira prapti ||
19. Nangkula sira sun utus | mring Madukara dèn aglis | dhawuhana kakangira | kêrise Si Pulanggêni | lawan bocahe boyongan | saking pulo Rajapêthi ||
20. Dèwi Sulastri ranipun | pinundhut mring jêng kaka ji | sarta lan pamundhut ingwang | dadia patiba sampir | mring Rêtna Wara [Wa...]
--- 72 ---
[...ra] Sumbadra | poma dèn kagawa yayi ||
21. barêng lan lakunirèku | hèh yayi Arya Sêtyaki | bêcike sira mèlua | ngiras pantês atêtilik | mring kakangmu Madukara | hèh Nangkula layang iki ||
22. paringna kakangirèku | wruha ing karsa sang aji | dimène lêga tyasira | dene kang patiba sampir | bêcik banjurna kewala | saking Madukara yayi ||
23. kature marang sang prabu | măngsa bodhoa sirèki | dèn rada samêktèng marga | kang ngirit patiba sampir | Pulanggêni kris pusaka | Sulastri putrining aji ||
24. sêrat pinaringkên sampun | sandika sarêng wotsari | mundur saking ngarsa nata | sapraptanira ing jawi | kalih budhal sabalanya | bubar sagung kang anangkil ||
25. sri narendra wus ngadhatun | pinêthuk ing pramèswari | rajaputri ing Cêmpala | Kusuma Dèwi Drupadi | pan wus tiga likur căndra | panggihe lan sri bupati ||
--- 73 ---
26. wusnya tata lênggahipun | pramèswari nusung warti | praptanira Wrêsniwira | dènnya mawi mundhi tulis | jinarwa lamun dinuta | mring Sang Prabu Harimurti ||
27. myang saliring karsanipun | kang kawrat sajroning tulis | kang garwa wus jinarwanan | badhe karyane kang rayi | Madukara lan Sumbadra | ing wulan ngarsane malih ||
28. wus sêdhêng yayi sirèku | ngati-atia saiki | sanega beyaning karya | myang uparêngganing puri | pramèswari duk miyarsa | suka sandika turnèki ||
29. nahan ta jroning kadhatun | kang gunêm lan pramèswari | gantya ingkang winursita | kang agung kunjana kingkin | satriya ing Madukara | gêrahe saya ngranuhi ||
30. gêrah manungku gung wuyung | wuyungan nawung wiyadi | kang dadya woding wardaya | tan lyan Dyah Banoncinawi | ye kang dadya êla-êla | linali-lali tan lali ||
31. karya panglipur tan lipur | karya panglindhih tan kandhih | barang pinindha
--- 74 ---
tan padha | barang tinandhing tan tandhing | sabuwana wun[4] tan ana | ingkang mirib angiribi ||
32. marga gung among mirangu | wirangrong angrêranuhi | rangu-rangu karungrungan | mirong agung ringik-ringik | sambating Wara Sumbadra | Kusuma Banoncinawi ||
33. wus dumunung nèng jêjantung | gumantung tungtunging ati | cumanthèl padoning netra | ngitêr têlênging pangaksi | tumemplok poking paningal | pangrêpanira gung mijil ||
10. Mijil
1. dhuh kusuma niyakaning puri | musthikaning wadon | kumaraning dyah sajagad kabèh | sêsotyaning wanita sabumi | rêtnaning pawèstri | guruning para rum ||
2. bisa têmên akarya wiyadi | woding driyaningong | sun dhèdhèki sangkaning timure | praptaning don têmah mitambuhi | tan măntra tumulih | sikara wèh wuyung ||
3. awlasana dasihira gusti | gung ngame anglamong | kalanglan lênglêng ing sira gèr[5] | sagon-ênggon gumuling tan eling |
--- 75 ---
linglung andalêming | kalurung andarung ||
4. durung tumon têmên wong atani | tan kêna tinêmon | kaya Rara Irêng duk timure | wangun tutut liringe aririh | tyase têka kêsit | tan kêna kinaruh ||
5. yèn sawange wong ika aringkih | nora pati bakoh | têka kukuh bakuh piangkuhe | awit bocah gon ingsun angungkih | nora măntra kungkih | rangkahe akukuh ||
6. yèn sinêrang sêrênge bêg pati | yèn sinamar wêroh | nora kêna sinandi wadine | kaya ta duk nèng Mandura nguni | sun mindha kênya di | têka mêksa jêruh ||
7. busuk-busuk têka bêbisani | bisaningsun gêpok | sagêpokan tombok èpèk-èpèk | tangan nganggo tinêngêran tali | nèng Kumbina nguni | sikara kêlangkung ||
8. apa baya wong ika duwèni | japa ji panglêson | panglêsune wong brăngta wirage | pangêkêse wong kunjana kingkin | pangapêsing [panga...]
--- 76 ---
[...pêsing] budi | pangracuting bayu ||
9. kaping pira gon ingsun mrih nyandi | wus bisa patêmon | anèng sêpi mung kari gapyuke | ciptaningsun wus nêdya bêg pati | pêpagêra wêsi | tan wurung sun têmpuh ||
10. pan wus pasthi mangkono tyas mami | tan mundur ing ênggon | ing wasana mung kinipatake | sarwi bêkis sêrêng tingalnyandik | dadi tanpa budi | ngalumpruk lir kapuk ||
11. balung ingsun kadya dèn lolosi | ototku ngalokro | mendah baya ginawea jêlèh | amung bêkis têka angêkêsi | pêpês tanpa budi | bayuningsun racut ||
12. paran ing don babo awak mami | dadining lêlakon | mati ngênês awèta mangkene | wus tan kêlar anandhang wiyadi | andina mimbuhi | wiyoga gung gambuh ||
13. sasat siksa siksaning sabumi | sinandhangkên mring ngong | isining rat anangsaya kabèh | barang kapyarsa barang kaèksi | mung anon sawiji | kang akarya wuyung ||
--- 77 ---
14. nora ana kang dadya mêndhaning | lara gêng wirangrong | kabèh-kabèh amimbuhi bae | ing wiyoga langêning sabumi | myang langêning langit | nangsaya mawèh kung ||
15. sapa ingkang yogya ngusadani | mirah laraningong | liya saking gusti nahing anggèr | nora dadi usadèng wiyadi | wanodya sabumi | sawange wus suwung ||
16. ingsun lawas angalaya bumi | jajah nagarandon | durung manggih kang mirib-iribe | sagung putrining para narpati | kang samya yu luwih | anyèthia patut ||
17. mring sêsotya ing Banoncinawi | pantês awotsinom | buh ing Endrabuwana isine | manawa na kang mirib-iribi | yèn bumi wus tapis | mung mawongan patut ||
18. baya-baya nguni kang kinardi | sang rêsmining sinom | sêsotya di adining rat kabèh | lawan kêmbang-kêmbanging sabumi | sagung wangi-wangi | sarine cinarub ||
19. lawan lêlangêning pasir wukir | kang linawêt winor | lawan lêlangêning wiyat kabèh [ka...]
--- 78 ---
[...bèh] | tejaning lintang rêsmining sasi | kilat lawan thathit | wangkawa kêkuwung ||
20. marma kêkuwunge anêlahi | sajêg durung tumon | wong mangkana sênêning cahyane | kasor surêm raras ruming sasi | baya ta isining | sawarga sarwa rum ||
21. kabèh-kabèh padha amimbuhi | manising pasêmon | wiragane miwah raras rume | marma kasor Ratih Rarasati | dhuh mas jiwa mami | kang sawang sitèngsu ||
22. pacêt agung kang asabèng sabin | nora bêtah ingong | yèn awèta anandhang wirage | kêmbang biru munggèng pagêr gusti | gung ngênglêng tan eling | kabyatan lara kung ||
23. wêwilangan sanga lan kêkalih | kêmbang irêng kang ron | kawlasana kusuma dasihe | dhandhang wiring ingkang sirah putih | yèn tan dèn tulungi | têtambaning wuyung ||
24. pêkên alit ingkang mêgat margi | nora wurung layon | walang kayu ingkang ijo lare | mênyan seta paseban jro puri | lawase sun anti | praptaning don tambuh ||
--- 79 ---
25. wêlut wana ingkang wisa mandi | pamasanganing mong | makung bae marang kawulane | jênu tawa tinungkul tan kêni | bibis munggèng tasik | yèn kapêngkok mundur ||
26. gêndar kayu kang atabuh kalih | jangkrik gung nèng kêbon | tan gumingsir ginebang galihe | godhong glaring jogan makewuhi | sambêrlilèn sabin | bisane mung bêndu ||
27. surya muka minitra tan kêni | ron pisang lêsah gon | ancur gêdhah sun rasa rarase | sela panglawêt gănda myang jampi | nora pisan galih | marang dasihipun ||
28. ulung wido măngsa sarpa mandi | wus pinacang jodho | lawan ingsun prapta wasanane | wowohan kang sumêdhêng matêng wit | têmah angêmohi | paran dosaningsun ||
29. warêsah kang awoh anèng nginggil | nora cidra ingong | terong alit kang dhompolan wohe | ilèr ijo dhêdhangkèl nèng têgil | kênthang-kênthang nganti | mring sariranipun ||
--- 80 ---
30. lah ta dene iki si mbok sêlir | dadak milu angkoh | marang ingsun gone jupukake | layoning sêkar gustinirèki | têka mung sajimpit | kênèse kalangkung ||
31. apan ika wong cilik sayêkti | mung tunggal pasuson | lan gustine têka na èmpêre | pawakane alurus aramping | pamulune lungit | pantês sêmunipun ||
32. lan Si Sulastri pan wus sairib | manising pasêmon | nanging ladak bok sêlir liringe | karo-karone wus pantês dadi | garwa ngong paminggir | nêmbah sang rêtna rum ||
33. kayaparan si kulup ing nguni | apa baya goroh | mulih têka kene sêsanggupe | banjur marêk mring Banoncinawi | maripih kang bibi | dadi kanthiningsun ||
11. Kinanthi
1. dhuh kusuma jiwaningsun | kang sawang sêkar warsiki | mirah-mirahe pun kakang | jumêrut nila widuri | hèr laut miwah hèr kêmbang | sêsotya Banoncinawi [Ba...]
--- 81 ---
[...noncinawi] ||
2. tingalana dasihipun | awlasana kawlasasih | susahing tyas saya lêsah | mêminta sih tan antuk sih | wus sasat siksa salêksa | sinangsayèngkên ing dasih ||
3. tan wus sambating awuyung | wuyungan nèng tamansari | satriya ing Madukara | puyêngan tyas poyang-paying | yayah kadya kapêryangyang | angungrum barang kaèksi ||
4. pinindha kang karya gandrung | rinêpa ingarih-arih | anèng taman Madugănda | mung lan punakawan kalih | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | tansah dènnya anangisi ||
5. dhuh radèn andika emut | lamun satriya linuwih | kadêrêng brăngta wanodya | kongsi ngame andalêming | kadi mèh antara gila | angungrum barang kaèksi ||
6. langkung saking nisthanipun | manggung ngame andalêming | tanpa wêkasaning brăngta | mung rinewang gung tan eling | pan inggih măngsa kiranga | putri kang ayu linuwih ||
7. kang yogya dados panglipur | putrining
--- 82 ---
para narpati | măngsa ta dadak lêpata | ing karsa paduka gusti | sanadyan silih ngarsakna | apsari sining swarga di ||
8. sayêkti yèn botên luput | lah puniku pun Sulastri | pan inggih kirang punapa | warnane sampun yu luwih | ing mangke sêdhêng-sêdhêngnya | pinurwèng langêning rêsmi ||
9. têka pijêr dèn lus-êlus | botên binêdhah tumuli | Dananjaya lon ngandika | kakang nora bisa dadi | usadaning lara brăngta | arinira Si Sulastri ||
10. iku pantês-pantêsipun | pan amung dadi paminggir | sabuwana wus tan ana | putrining para narpati | sanadyan Ngendrabuwana | sagunging para apsari ||
11. saisining sawarga gung | iya kang sayogya dadi | usadaning brangtaningwang | amung Dyah Batacinawi | Sêmar jêlih aturira | sadasa paduka gusti ||
12. kapati-pati nahên kung | ngrika botên nêmbadani | lamun botên linampahan | măngsa dhatênga pribadi | tiwas lêsah sayah lungsah | andina-dina dalêming [dalê...]
--- 83 ---
[...ming] ||
13. yèn botên karsa nênuhun | ing raka Sri Harimurti | suwawi linampah dhustha | dhatêng ing Banoncinawi | paduka măngsa kewrana | wus wignya anyidrèng rêsmi ||
14. Sang Parta ngling dhuh kakang buh | rasane tyas ingsun iki | marang wong sawiji ika | bangêt wêdi bangêt kanji | masesa nyidrèng asmara | sun wani-wani tan wani ||
15. Sêmar Bagong sru gumuyu | dingarèn paduka gusti | kalah angkah lan wanodya | amung pinêtokan ngucir | mendah lamun kinabruka | baya lumayu angênthir ||
16. kasaru jawi gumuruh | praptanira radèn kalih | Nangkula lan Wrêsniwira | dhêdhêg kèndêl jawi kori | Sêmar malajêngi sigra | saking jro nguwuh anjêlih ||
17. sapa ta kang prapta iku | gumêdêr ngêgèt-êgèti | jêng gusti pan lagi nendra | apa ta nora miyarsi | salamine grah tan arsa | tininjo kadange sami ||
18. Radèn Nangkula sumaur | ingsun kakang ingkang prapti | lan ari mas
--- 84 ---
Nglesanpura | matura ingsun tinuding | mring kakang Prabu Ngamarta | lan Sang Prabu Harimurti ||
19. Sêmar gupuh dènnya wangsul | prapta ngarsa tur udani | kang rayi kalih praptanya | dinutèng Sri Harimurti | myang raka Sri Darmaputra | Sang Parta kagyat lingnya ris ||
20. kakang wênganana gupuh | iridên mring ngarsa mami | yayi karone dinuta | Ki Lurah Sêmar nulya glis | korine sinorog mênga | radèn kalih dèn dhawuhi ||
21. lamun tinimbalan laju | radèn kalih sampun kerit | sapraptanira ing ngarsa | samya ngungun aningali | dene rusaking sarira | saingga grah wus sawarsi ||
22. radèn kalih gya tumundhuk | nungkêmi padane sami | rinangkul lungayanira | sawusnya kinèn alinggih | umatur Radèn Nangkula | kakang mas ulun tinuding ||
23. mring raka paduka prabu | Ngamarta lan Dwarawati | mundhut pusaka paduka | wangkingan pun Pulanggêni | inggih lan abdi paduka [pa...]
--- 85 ---
[...duka] | boyongan Nikèn Sulastri ||
24. lah punika ta sratipun | kang saking ing Dwarawati | paduka kinèn nupiksa | kang raka gupuh nampèni | kang sêrat lajêng binuka | sinuksma sajroning galih ||
25. wus putus pamaosipun | Sang Parta nglênggêr tan sipi | dangu-dangu manguning tyas | mangunêng dening Sulastri | Nangkula malih turira | kang timbalan sri bupati ||
26. sampun ta tan botên katur | dhuwung lawan pun Sulastri | yêkti yèn tuwan dinukan | kang raka ngandika aris | kêris ngong yayi sumăngga | sakarsane sri bupati ||
27. nanging ta bocahirèku | bangêting panuwun mami | yèn kongsia nêmu papa | pan dudu bênêre yayi | bocahe liwat mêmêlas | ingsun kang dosa ing batin ||
28. duk lare panggawaningsun | saking pulo Rajapêthi | kongsi mêngko wus diwasa | gêlêm sinumpah wak mami | yèn wusa têkèng sajiwa | dhasar dudu niyat mami ||
29. mung
--- 86 ---
nêdya sun ambil sunu | wêlas saking mêlasasih | gêlême tutut lan ingwang | pêrakan kadange kalih | kang wadon kalap Si Sêmar | kang lanang sun karya patih ||
30. yèn tan dadi karsanipun | bocah iku anèng mami | sun ulihakên kewala | marang wong tuwane malih | Sang Prabu Darmawicitra | ratu pulo Rajapêthi ||
31. Radèn Nangkula umatur | mendah raka paduka ji | Ngamarta ing dukanira | yèn kantosa pun Sulastri | botên sarêng lan curiga | kature mring Dwarawati ||
32. timbalan rakanta prabu | apan kawula pribadi | ingkang kinèn andhèrèkna | kature patiba sampir | kinèn nglajêngna kewala | inggih mangkat saking ngriki ||
33. malah ta timbalanipun | kinèn ngrêngga sawatawis | jajaranipun nèng marga | wau ta Radèn Sêtyaki | wruh sêmunira kang raka | mring Sulastri ragi kingkin ||
12. Asmaradana
1. Sêtyaki matur wotsari | kakang mas sampun sumêlang |
--- 87 ---
pun Sulastri ing têmbene | yèn manggiha siya-siya | wontên ing kangbok benjang | kawula purun ananggung | malah manggiha raharja ||
2. Sang Parta duk amiyarsi | mring ature Wrêsniwira | ngunadika jroning tyase | yèn sawangku kaya-kaya | pêpantêse wong ika | adoh saking laku dudu | niaya pasthi tan arsa ||
3. wasana ngandika aris | lah iya yayi sumăngga | sun manut ing sira bae | Sêmar mêtua ing jaba | dhawuhna Si Sucitra | konên samêkta ing laku | lawan saosa jêmpana ||
4. tunggangane Si Sulastri | yayi ngantia ing jaba | sun angkatkên dina kiye | radèn kalih nêmbah mêdal | kapat Bagong lan Sêmar | praptèng jawi sampun dhawuh | Patih Sucitra sanega ||
5. lawan sagung para mantri | anyaosakên jêmpana | samêkta saprajurite | mangkana Sang Dananjaya | lumêbèng madeyasa | Sulastri ngandika sampun | prapta munggèng ngarsanira ||
6. Sang Parta ngandika [ngandi...]
--- 88 ---
[...ka] aris | yayah kadya angrêrêpa | ngêlus-êlus sri natane | dhuh woding tyas ingsun nyawa | age sira dandana | pinundhut marang gustimu | Kusuma Wara Sumbadra ||
7. sun karya patiba sampir | iya lawan kêris ingwang | ing besuk aturna dhewe | iya mring sang rêtnaning dyah | poma sira dèn bisa | ngawula mèt galihipun | yèn salamêt wusing karya ||
8. dhaup ingsun lan sang putri | pan gêdhe ganjaran ingwang | sira ingsun unggahake | garwa paminggir kang sarta | ingsun sih êla-êla | Sulastri nêmbah umatur | pukulun inggih sandika ||
9. sampun kang dhatêng ing sakit | sanadyan tumêkèng pêjah | anglampahi ayahane | lêbura awor lan kisma | sarambut tan suminggah | wus kasêdya siyang dalu | ngawula angèstupada ||
10. marang Dyah Banoncinawi | Sang Parta mèsêm ngandika | sarwi ngaras sri natane | iya dèn bisa kewala | payo sun atêr jaba | curiga tinampan sampun | mêdal saking
--- 89 ---
madeyasa ||
11. sapraptanira ing jawi | sampun anitih jêmpana | têngara sigra budhale | para mantri Madukara | ingkang grêbêg jêmpana | Sucitra ing wurinipun | dhangah anitih turăngga ||
12. pilihan ingkang jajari | prajurit ing Madukara | satus samya anom-anom | satriya ing Lesanpura | ingkang lumakyèng ngarsa | Nangkula ing wurinipun | lan sawadyabalanira ||
13. kang tinilar kari titis | satriya ing Madukara | kadya nutakên tingale | jumênêng têngah wiwara | anon asrining lampah | Sang Parta mangu anjêtung | anggambuh wiyoganira ||
14. kondur lumêbèng botrawi | agung măndra kalênglêngan | nèng jinêm madeyasane | dhuh yangyange pagulingan | langên-langêning tilam | sari-sarining jinêmrum | kusuma dining kalangyan ||
15. sêsotya Banoncinawi | apa ta angêmu duka | gusti marang ing dasihe | dene mundhut [mundhu...]
--- 90 ---
[...t] kris pusaka | myang abdine boyongan | paran ta ing wadinipun | apa ta duwèni cipta ||
16. maring sun yèn Si Sulastri | bakal ngong unggahkên garwa | ingkang botên-botên anggèr | dêstun paminggir kewala | punika yèn sêmbada | sarta lawan karsanipun | gusti sang liring kusuma ||
17. nahan kang agung wiyadi | satriya ing Madukara | mangkana wau lampahe | Radèn Arya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | myang Sucitra sawadya gung | samana pan sampun prapta ||
18. nagari ing Dwarawati | ubêkan wadya sapraja | ingkang sami anênonton | mring putri boyongan ingkang | pinundhut ing sang rêtna | jêjêl têpining marga gung | dupi wau katingalan ||
19. kang ana sajroning joli | prasamya angalêmbana | tuhu yèn endah warnane | mangkanarya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | sawadyabalanira wus | prapta anèng pagêlaran ||
20. lajêng satriya kêkalih [kêka...]
--- 91 ---
[...lih] | tinimbalan manjing pura | Sulastri linajêngake | marêk ing Wara Sumbadra | pinêthuk praptanira | sawusnya curiga katur | Sulastri nungkêmi pada ||
21. sang rêtna rêsêp ningali | dene wus saingga kêmbar | lan Larasati warnane | sêdhêp manise wus samya | kaduk raga karana | rêspati sasolahipun | samya galak liringira ||
22. Kusuma Banoncinawi | cipta sih anrus ing driya | lan Larasati tan pae | panganggêpira sang rêtna | sihe sinama samya | pinundhut kadang satuhu | Sulastri iya mangkana ||
23. sumungkêm nrus lair batin | mulat marang gustinira | suka lêbur nèng padane | Larasati ya mangkana | mring Sulastri tyasira | sakala rêsêp rumêngkuh | ingangkah tunggil sayayah ||
24. kunêng ing Banoncinawi | mangkanarya Wrêsniwira | wus katur ing saature | sasolahira dinuta | miwah Radèn Nangkula | saaturira wus katur | dènnya dinuta ing raka ||
25. ngaturkên [nga...]
--- 92 ---
[...turkên] patiba sampir | Sri Maha Narendra Krêsna | langkung suka ing galihe | cinatur Radèn Nangkula | mung sadalu kèndêlnya | nèng Dwarawatyenjangipun | nuwun pamit wus kalilan ||
26. budhal saking Dwarawati | nèng Magada tan winarna | kalih wus prapta lampahe | Ngamarta Radèn Nangkula | wus katur aturira | sasolahira ingutus | mring Dwarawati nagara ||
27. kang raka suka miyarsi | miwah Kya Patih Sucitra | pan wus katur saature | mring satriya Dananjaya | sasolahnya dinuta | Sulastri sapraptanipun | linajêngakên kewala ||
28. mring taman Banoncinawi | kature ingkang curiga | apan tinampanan dhewe | mring Rêtna Wara Sumbadra | dene abdi paduka | lajêng sinihan kalangkung | prasasat pinundhut kadang ||
29. sinami lan Larasati | siyang dalu tan kêna sah | kêkalih munggèng ngarsane | satriya Andananjaya | langkung suka miyarsa | dene Sulastri wus antuk | mêmanisira
--- 93 ---
sang rêtna ||
13. Dhandhanggula
1. Risang Parta sangsaya wiyadi | amiyarsa ature Sucitra | kagagas gênging wirage | nahan ta tan cinatur | solahira kang nandhang kingkin | satriya Madukara | gantya kang winuwus | nênggih nagari Ngastina | apan sarêng lampahe lan Dwarawati | tuwin lawan Ngamarta ||
2. nanging carita kinarya ganti | yêkti èwêt lamun sinarênga | mung pinêndhêt sapantêse | kang ingucap rumuhun | Dwarawati awit kang dadi | parbutan putrinira | wau kang cinatur | narpati ing Gajahoya | bêbisikan Mahaprabu Kurupati | pêparab Duryudana ||
3. akadhaton Ngastina praja di | nagara gung loh jinawi arja | pasir wukir ra[...][6] | tulus apanjang-punjung | barang ingkang tinandur dadi | sandhang lan pangan murah | kang sarwa tinuku | ajêg jêjêg saprajarja | wus jinêjêr punjul samaning para ji | arjane prajanira ||
4. marma parab Prabu Kurupati | dènnya [dè...]
--- 94 ---
[...nnya] ngratoni sagung Kurawa | Jayapitana juluke | widagda saking timur | marma parab Duryudana Ji | tan pilih dananira | ing wadyabala gung | ala bêcik pan ginanjar | agêng alit siyang dalu dèn kawruhi | tan ana kêkurangan ||
5. suka tuwuk wadya sanagari | arta busana boga andina | Sri Duryudana danane | marmanira jêjuluk | Suyudana têgêsirèki | gung angsung kabêcikan | samaning tumuwuh | miwah asung kaluwihan | marma kadang warga mitra lulut sami | sadaya sih rumêksa ||
6. kasumbagèng rat satanah Jawi | nagri Ngastina datanpa timbang | băndha-bandhu karatone | bala santananipun | kadang satus priya pan sami | tunggil saibu rama | kang wanodya namung | wuragil sampun akrama | kagarwa ring Adipati Banakêling | Rahadyan Jayajatra ||
7. iya Radèn Arya Sindupati | Sapwani putra ingkang minăngka | praja Ngastina banthènge [banthèng...]
--- 95 ---
[...e] | tanggulanging prang pupuh | pan kinudang dening raka ji | benjang yèn Bratayuda | ing prang kinaryamuk | sinung angrèh tur misesa | maring sagung punggawa kang măncanagri | de kang para santana ||
8. kadang Kurawa satus prasami | ngiras kinarya punggawèng praja | sinung bêngkok dhewe-dhewe | satriya Banjarjumut | gêgununganing kang para ri | kadang ingkang panênggak | lungguh punggawa gung | nama Arya Dursasana | sasolahe ingugung dening raka ji | măngka sardulèng praja ||
9. kinarya gul-aguling ajurit | kaduk gêcul dhugal kaduluran | sêmbada lawan dhapure | ronggah-ronggah gung luhur | brêngos capang naga anglangi | godhèg wok simbar jaja | netra bang apêndul | lathi cabak yèn ngandika | groyok brabah kang rayi namanirèki | Durmuka lan Durjaya ||
10. Radèn Durgăngsa lan Durmagati | Radèn Duryasa lawan Durcapa | Durdarma Durmanggalane | Surăngga Sukathèku | Sudarga lan Sudarta
--- 96 ---
nênggih | Sudarpa lan Suwignya | lawan Susenèku | Sukara lan Suramuka | Dyan Sukarda Yudaka lan Yudirgèki | Yusara Yurataba ||
11. Yuniyuta lawan Yutahani | Yutasena lawan Yutadirga | Yutagra Yutacitrane | Radèn Kartamarmèku | Karma lawan Karyasa nênggih | Kartana lan Tartala | lawan Kartabèku | Kartabawa lawan sira | Kartasuta lawan Kartaboga nênggih | Kartayuda kalawan ||
12. Jayakarta Jayawisayèki | Jayasatru lan Jayawitaba | Jayagati lan malihe | Jayawikatha iku | Jayamuka lan Jayapati | Jayakaja Susena | Citrasutartèku | Citrajaya Citrakaya | Citradarpa Citrawidagda lan malih | Citraba Citrajăngga ||
13. Citrataksa Citrasusenèki | Citrasudirga lan Dirgasuta | Dirgajaya lan malihe | Dirgatha Dirgabau | Dirgasana lan Dirgapati | Dirgayuda Dirgana | Dirgamanggalèku | Dirgadarma Darmadirga | Darmasastra [Dar...]
--- 97 ---
[...masastra] Darmayuda Darmapati | lawan Darmawitana ||
14. Darmajaya lawan Darmagati | Darmagora nimpuna kalawan | Darmasuta lan malihe | Dyan Darmatênayèku | Surtagatra lan Surtagati | Surtayu Surtayuda | lawan Surtakètu | Surtaba lan Surtawisa | Surtasuta Surtawikara lan malih | Radèn Surtawitala ||
15. Radèn Drukaya Drukala nênggih | arinira anama Drubaya | Radèn Drudarta malihe | Radèn Drususenèku | lawan Drusawara anênggih | Drubawa Druwikatha | lawan Druwastrèku | Drusilawati wanodya | wuragile dene kang kinarya patih | arine ibu nama ||
16. Arya Suman ya Patih Sangkuni | putra Gêndara ing Plasajênar | wêgig limpat graitane | wignya karya piadu | wicaksana ing têmbung ririh | putus yèn ngamadaka | marma Sang Aprabu | Duryudana suka pasrah | mring apatih bangbang lum-aluming nagri | Prabu Darmasinewa ||
17. mila para ratu kanan [kana...]
--- 98 ---
[...n] kering | kathah ngidhêp mring nagri Ngastina | saka ing patih bawane | lan wontên jimatipun | ing Ngastina guruning aji | saking Atasmaruta | pandhita dibya nung | nama Rêsi Dhanghyang Druna | pan pinindha pêpundhèn pinundhi-pundhi | ing sapraja Ngastina ||
18. sinung dhepok marang sri bupati | nênggih padhukuhan Sokalima | wus kadya praja arjane | satunggal putranipun | jalu warnanira apêkik | nama Bambang Swatama | putra patutipun | lan apsari Wilutama | pan kinadang-kadang kinondhang ing wèsthi | lan Prabu Duryudana ||
19. miwah srining kadhaton jro puri | sasat purastha ing Giriloka | sarwa mas uparênggane | mya[7] sêsotya di luhung | sor rêsmining pura swarga di | yèn pura madyapada | para ratu-ratu | tan ana mirib Ngastina | sêmbadane pramèswarining narpati | putri adi Mandraka ||
20. apêparab Rêtna Banuwati | amuwuhi kuwunging jro pura | rêspati salêlewane [salêlewa...]
--- 99 ---
[...ne] | wus kawêtu ing kidung | ratih-ratih myang Rarasati | kasor wiraganira | myang mêmanisipun | gandhang tur raga karana | yèn ing madyapada sagung para putri | kabèh pantês nyèthia ||
21. ing puniku Prabu Kurupati | apan lagya sungkawa ing driya | ginubêl ing ari ipe | amothah siyang dalu | nuwun krama ingkang kinapti | Rêtna Wara Sumbadra | nanging sang aprabu | tan arsa anurutana | kepyan dening wus pinacang sangkan alit | Sumbadra lan Arjuna ||
22. nanging Burisrawa datan kêni | sinayutan ing subrangtanira | pan wus lami antarane | dènira nahên wuyung | mring Kusuma Banoncinawi | kauningan kang rama | dukane kalangkung | Sri Naradipati Salya | Burisrawa tinundhung saking nagari | ngungsi maring Ngastina ||
23. ingkang raka wêlase tan sipi | dènnya sangêt dukane kang rama | dadya pinrênah ênggène | kiwa nèng tamansantun | agung dènnya ngame dalêming | sambat [samba...]
--- 100 ---
[...t] Wara Sumbadra | tyase wus kalurung | kadya wong edan kabeyan | pan angungrum sabarang ingkang kaèksi | kinudang rinarêpa ||
24. sri narendra miwah pramèswari | langkung saking wimbuhing wardaya | mulat kang rayi solahe | duk samana sang prabu | ari Soma siniwèng puri | lênggah madyèng pandhapa | Dhanghyang Druna sampun | ingandikan manjing pura | sarêng lawan Rêkyana Patih Sangkuni | sang prabu angandika ||
25. mila sami manira timbali | aprakawis paman putra dika | Si Burisrawa sakite | kalantur tanpa tutur | lir wong kênèng guna piranti | kula kurung nèng taman | nangis siyang dalu | kadi mèh antara gila | agung dènnya angame-ame dalêming | sambat Wara Sumbadra ||
26. wali-wali paman kula tari | akramaa putri lyan kewala | pundi kang dadi sênênge | tan owah aturipun | praptèng pati tan arsa krami | amung Wara Sumbadra | kang dadya tyasipun | yèn botên kalampahana [ka...]
--- 101 ---
[...lampahana] | panuwune pamit kesah saking ngriki | suka matiyèng wana ||
27. mila paman sami dika pikir | botên kenging yèn kinèndêlêna | pun Burisrawa sakite | kadi yèn têmah lampus | badanipun wus kuru aking | kantun gagra kusika | Rêsi Druna matur | pukulun yèn makatêna | sakitipun sampun tan kêni pinikir | ing tămba japamăntra ||
28. pae sakit rumab lan panastis | kenging binudi ing japamăntra | pun Burisrawa sakite | anrus ing balung sungsum | têkèng jantung tutunging[8] ati | tambane sakit brăngta | pan amung tinurut | sang prabu alon ngandika | kadipundi paman gènipun nuruti | dene ta pun Sumbadra ||
29. wus pinacang-pacang sangkan alit | jatukrama lawan pun Janaka | mung kantun panggihe bae | têka dadak jinaluk | kula ingkang kocap ing bumi | tuwa-tuwa ing tata | Rêsi Druna matur | inggih èstu wus pinacang | nanging kantos [kanto...]
--- 102 ---
[...s] samangke dèrèng apanggih | sayêkti singa bêgja ||
30. rêbut putri lan rêbut nagari | datan pae sami wajibira | toh pati mutahkên gêtèh | kula sèwu jumurung | rayi tuwan dènnya kapati | brăngta mring pun Sumbadra | gêng pakantukipun | kajawi endah ing warna | pun Sumbadra saèstu punjul ing bumi | pantês tohana pêjah ||
31. dene pakantuke kang sayêkti | rayi tuwan yèn kalampahana | pun Burisrawa kaipe | mring Danardana Prabu | paduka kang untung ing batin | yêkti Narendra Krêsna | suda wawratipun | sihe mring Nata Pandhawa | awrat dhatêng paduka kabêkta dening | ipe pun Burisrawa ||
32. miwah raka paduka narpati | ing Mandura Prabu Baladewa | sayêkti wêwah antêpe | dhatêng paduka prabu | paripean winuwuh dadi | ipe mring Burisrawa | wuwuh kukuh bakuh | ipe rangkêp kap-ingêkap | dhasar sampun salamine nunggal budi [bu...]
--- 103 ---
[...di] | sangkin tan kêna bêngkah ||
33. Burisrawa dènnya drêng kapati | jinodhoa lan Wara Sumbadra | kadi jinawil dewane | panjênêngan sang prabu | dèrèng eca ing dalêm batin | mêngku nagri Ngastina | lamun dèrèng lêbur | sadaya Nata Pandhawa | yêkti manggung mêmangun tyas sănggarunggi | satru munggèng cangklakan ||
34. dene wawrat-wawrating ajurit | Nata Pandhawa pisah lan Krêsna | yêkti wrat mêrang sagèdhèng | wau kawula matur | paduka kang untung ing batin | yèn Baladewa Krêsna | mring Ngastina sampun | Pandhawa tan dadi karya | lah ing ngriku adhi patih kadipundi | bot lêpat atur kula ||
35. Patih Sangkuni nambungi aris | Nata Pandhawa pisah lan Krêsna | jago tinilar botohe | măngsa bisa angabruk | mêranggala botên nyakiti | kopoh banyune têlas | sayêkti ngalumpruk | Bimarjuna tanpa guna | Yudhisthira Nangkula Sadewa sami | kantun gêtak kewala [ke...]
--- 104 ---
[...wala] ||
36. sri narendra mèsêm ngandika ris | inggih lêrês rêmbagipun samya | lamun gampila margine | paman panduganingsun | mring Pandhawa Nata di murti | wus tan kêna binênggang | sangêt wrat ing kalbu | manah kula wus rumăngsa | anglamara yêkti tan wande tinampik | Rêsi Druna turira ||
37. inggih sampun paduka margèni | saking Nata Krêsna yêkti lêpat | punika anggèr margine | saking rakanta prabu | ing Mandura turana tulis | têmbung ingkang mangrêpa | miluta ing kalbu | arinta pun Burisrawa | tangisipun miwah sêsambatirèki | mungêla jroning surak ||
38. lamun botên kalampahan panggih | lan Sumbadra suka yèn pêjaha | nèng wana saênggèn-ênggèn | lan ramanta sang prabu | ing Mandraka lan ibu sori | inggih tuwan ungêlna | mênggah pasrahipun | miwah garwa padukendra | putra kula bok Ratu Mas Banuwati | tangisipun mungêla ||
39. jroning sêrat pasrahipun sami |
--- 105 ---
supayane Prabu Baladewa | kadaut-dauta tyase | mring ramèbu mrasêpuh | paripean myang ipe sami | yêkti yèn nuntên mêdal | kasagahanipun | mundhut ing Wara Sumbadra | pan rumaos kadang kang sêpuh pribadi | wajib darbe wasesa ||
40. nadyan silih palangana wêsi | sayêktine yèn pêdhot tinunjang | lamun wus mêdal sanggupe | raka paduka Prabu | Dwarawati sayêkti ajrih | malangana kang raka | rumaos nèmipun | anggèr panawang kawula | jro sêmèdi gumawang nrawang abêning | rayi tuwan brangtanya ||
14. Asmaradana
1. karsane dewa linuwih | jinodho lan pun Sumbadra | botên wontên sangsayane | nanging prayoganing lampah | nuwala padukendra | kadhèrèkna ing wadya gung | sakapraboning ayuda ||
2. santana ingkang sapalih | kang samya dhèrèkna sêrat | èwêt aya ing lampahe | wong angrunjang pêpacangan | krodhanipun Pandhawa | sok [so...]
--- 106 ---
[...k] sampuna kang wadya gung | sami samêktèng ayuda ||
3. sang prabu mèsêm lingnya ris | inggih paman wus prayoga | yèn makatên pratikêle | sintên prayogining lampah | ngaturna surat ingwang | Rêsi Druna aturipun | tan lyan mung rama paduka ||
4. pun adhi Arya Sangkuni | pantês lampahe wong tuwa | botên kirang wêwekane | kirange kang mungêl sêrat | wagêd yèn mêwahana | ing atur prayogèng têmbung | miguna milutèng driya ||
5. Arya Sangkuni nambungi | inggih lêrês aturira | nanging kirang utamine | yèn parêng atur kawula | sampun tanggêl ing lampah | lamun mawi kang wadya gung | prayogi pun Burisrawa ||
6. kula dhèrèkkên pribadi | dhatêng nagari Mandura | ngêsrahna pati uripe | mring Sang Prabu Baladewa | angrungkêpana pada | dèn kathah sêsambatipun | tangise kang mêlasarsa ||
7. wontên kaotipun gusti | Sang Aprabu Baladewa | kalamun miyarsa [miyar...]
--- 107 ---
[...sa] dhewe | mring sambate Burisrawa | kaping kalih uninga | ing risake awakipun | labêtipun sangêt brăngta ||
8. kawula ingkang bantoni | ing atur amrih sêmbada | ngriki sadaya pasrahe | ngriki tan wontên kaduga | galih pun Burisrawa | lêrês tur paduka wau | ing lampah ingkang sêmbada ||
9. sakapraboning ajurit | yèn lêrês lampah punika | kados yèn lajêngan bae | sri bupati ing Mandura | yèn wus mêdal sanggupnya | watêkipun gathak-gathuk | sayêkti sami sakala ||
10. budhal dhatêng Dwarawati | pun Burisrawa binêkta | nglamar ngiras pangarake | krodhane Nata Pandhawa | botên dinamêl napa | yèn wus mêdal bêdhatipun | Sang Aprabu Baladewa ||
11. măngsa kanggea salingsir | yudane Bima Arjuna | jêr pasthi pisah Krêsnane | lamun mungsuh wong Mandura | Druna suka miyarsa | Sangkuni rinangkul gapyuk | bênêr adhi aturira ||
12. pukulun sri narapati [narapa...]
--- 108 ---
[...ti] | wêwah kalangkung sakeca | pun adhi patih rêmbage | arinta pun Burisrawa | titihêna jêmpana | pasêmon batin pakantuk | mring raka tuwan Mandura ||
13. mêthuk titihaning putri | ing laire dhasar nyata | pun Burisrawa sakite | kontrag yèn nitiha kuda | sang prabu duk miyarsa | pratikêle kalihipun | langkung sukaning wardaya ||
14. pangandikanira aris | inggih paman wus prayoga | pratikêlipun kalihe | nuntên akaryaa surat | ingkang kadya turira | paman patih besuk esuk | sutanta pun Dursasana ||
15. lan kadange kang sapalih | dhawuhana dèn samêkta | sakapraboning prang kabèh | kang badhe andika bêkta | marang nagri Mandura | umiringa lampahipun | sutanta pun Burisrawa ||
16. Dhanghyang Druna anambungi | inggih sae mangkat enjang | dintên parêng lan tanggale | wusnya dhawuh sri narendra | kondur malêbèng pura | Ki Patih Sangkuni [Sang...]
--- 109 ---
[...kuni] sampun | mêdal ing jawi parentah ||
17. mring Kurawa kang sapalih | pangarsa Dyan Dursasana | samêkta saha wadyane | sakapraboning ayuda | marang nagri Mandura | samya sandika turipun | bubar sagung kang sewaka ||
18. ing dalu siyaga sami | sakapraboning ayuda | Kurawa ingkang saparo | miwah wadya kapatihan | sadalu tata-tata | wau ta ingkang ngadhatun | Sang Aprabu Duryudana ||
19. pinêthuk ing pramèswari | munggèng satundhaning pindha | mêndhak cinandhak astane | kinanthi binêkta lênggah | satata lan narendra | aglar parêkan ing pungkur | tuwin kang para biyada ||
20. aglar ngarsa kanan kering | sakala Sri Duryudana | yayah nir kamanungsane | lir kadya Bathara Endra | siniwèng ariloka | ingayap sagung para rum | ing kaprabon prabawanya ||
21. narpadayita wotsari | sarwi mèsêm aturira | dene adangu wiyose | lênggah madyaning [madya...]
--- 110 ---
[...ning] pandhapa | nimbali Rêsi Druna | lan paman patih pukulun | punapa kang dhinawuhna ||
22. sang prabu mèsêm lingnya ris | yayi ratu nora liya | kang sun rêmbug sasuwene | mung larane arinira | Si Arya Burisrawa | paman Druna aturipun | kinèn nuruti kewala ||
23. pamanirarya Sangkuni | kang sun duta angiringna | mring arinira lakune | ngirit gawa layang ingwang | mring kaka ji Mandura | santana saparo milu | pangarsa Si Dursasana ||
24. sakapraboning ajurit | angkate sadina enjang | pinarêng nuju tanggale | arinta Si Burisrawa | tumuli dhawuhana | dimèn mêndha brangtanipun | pramèswari duk miyarsa ||
25. mangu ing tyas matur aris | dhuh pukulun sri narendra | punapa paduka supe | yèn Rêtna Wara Sumbadra | sasat dadya ubaya | wus pinacang saking timur | mring uwa swargi Mandura ||
26. jodho lawan pun Prêmadi | dene tuwan sring ngandika [ngandi...]
--- 111 ---
[...ka] | angarsa-arsa panggihe | măngka mangke padukarsa | utusan mring Mandura | masrahakên badanipun | arinta pun Burisrawa ||
27. anuruti wong dalêming | măngsa dadak tinampana | dêstun tan wruh ing awake | kapanggih pintên prakara | lamun tinampanana | binobot ing trajunipun | lan arinta pun Arjuna ||
28. tuwas angisin-isini | babêkta ing padukendra | kang botên rêmên ucape | wong nungsang anunjang-nunjang | angrunjang pêpacangan | wong bêrung-bêrung dêlurung | tinurut asil punapa ||
29. kaping kalih sri bupati | arinta Nata Pandhawa | mendah rêntênge galihe | lêpat-lêpat dados gêndra | lêpat saking paduka | dhuh pukulun sang aprabu | dhaharên atur kawula ||
30. lampahipun paman patih | prayogi tuwan wandèkna | golèk gawe tanpa gawe | anggalih pun Burisrawa | tan wande dados gêndra | mati brăngta kajêngipun |
--- 112 ---
kinanthi măngsa kenginga ||
15. Kinanthi
1. sri narendra ngandika rum | aywa ta mangkono yayi | yèn ora sun turutana | arinira wus sayêkti | lunga têka ing nagara | ngupaya marganing pati ||
2. mring wanapringga myang gunung | lumêbu ing jurang trêbis | saking tan kuwawa brăngta | miwah yèn kongsia mati | sagon-gone anèng wana | sapa kang kelangan yayi ||
3. liyane sira lan ingsun | mendah ibu pramèswari | lan rama Aji Mandraka | panutuhe marang mami | duwe mantu gung prakosa | tinutakên kadang siji ||
4. tan tolih mring ramanipun | mung ipe kang dèn ugêmi | Ngawăngga Mandura nora | mung Ngastina dèn tut wuri | têmah nandhang lara brăngta | têka tan bisa nêkani ||
5. tiwas têmên raganingsun | mring jêng rama ibu sori | pamundhute mring ragèngwang | padha amantu pinilih | ratu agung sugih bala | kasub kasusra ing bumi ||
6. Kurawa yêktos [yê...]
--- 113 ---
[...ktos] biyantu | satus tan salayèng budi | kabèh prakosèng ayuda | praptaning don nêniwasi | angrabèkakên tan bisa | mring ipene kang tut wuri ||
7. kongsi lunga mring wana gung | mangkono galihe pasthi | gon ingsun gêlêm angrunjang | pacangane Si Prêmadi | dene wus têkèng antara | kongsi mêngko durung panggih ||
8. pira ta ing lawasipun | iku gêlêm ingsun yayi | sayêkti yèn singa bagya | rêbut putri lan nagari | padha bae wajibira | toh pati mutahkên gêtih ||
9. aja sumêlang ing kalbu | prakara arinirèki | lakune marang Mandura | yêkti lamun dèn tampani | marang Prabu Baladewa | miwah Prabu Harimurti ||
10. paman Druna aturipun | pangilone jro sêmadi | wus trang padhang tarawangan | yèn arinira wus pasthi | jodho lawan Si Sumbadra | wus bênêr arinirèki ||
11. dènnya kapati nahên kung | jêr dewane kang anjawil | mulane aja [a...]
--- 114 ---
[...ja] sumêlang | yèn arinira tinampik | dening krodhaning Pandhawa | aja sira walangati ||
12. kudu ngajak prang pêpucuk | bratayuda kang dèn êmping | saajang-ajanging ajang | wong wus pacangane jurit | Pandhawa pisah lan Krêsna | apa ta ingkang kinardi ||
13. wanine prang lawan ingsun | lah ta wis mênyanga yayi | marang taman tuturana | yèn ingsun angkatkên enjing | kang garwa mundur tur sêmbah | lajêng marang tamansari ||
14. gumrêdêg parêkanipun | ya ta wau kang winarni | Radèn Arya Burisrawa | kang kinurung tamansari | rajaputra ing Mandraka | ing siyang dalu anangis ||
15. tan lyan kang sinambat namung | Kusuma Banoncinawi | apan wus antara gila | angungrum barang kaèksi | pinindha Wara Sumbadra | rinêpa ingarih-arih ||
16. sinungan èstri panglipur | ing raka sri narapati | kathahipun kalih wêlas | sadaya ayu linuwih | kinèn samya ngladosana | sakarsanira [sa...]
--- 115 ---
[...karsanira] kang rayi ||
17. supaya dadya panglipur | dènira anahên brangti | marang ing Wara Sumbadra | marma èstri kang pinilih | kalih wêlas kang wus samya | wignya marang ing pangrêpi ||
18. dhasare satriya gêcul | kasêmbuh anahan brangti | sinung èstri kalih wêlas | sadaya wus samya bangkit | pangrêpi pangrêpèng driya | gêcule sangsaya dadi ||
19. lacute saya kabacut | yèn kèndêl dènira nangis | pawèstri kang kalih wêlas | sadaya winudan sami | kang mopo jrih jinêmala | tapih kêmbên dèn buwangi ||
20. nèng ngarsa pating parinthul | iku sukane ningali | Radèn Arya Burisrawa | latah sarwi bêrik-bêrik | mara wêwuda bêrangkang | ngore remane winalik ||
21. kalih wêlas gila dulu | lumayu gya dèn tututi | bêng-ubêngan anèng taman | saparane dèn tututi | lamun wus sayah binêkta | byur-êbyuran anèng warih ||
22. kapêksa jrih sang aprabu [apra...]
--- 116 ---
[...bu] | yèn dalu tansah anangis | Radèn Arya Burisrawa | wuyungan tyas poyang-paying | kadya wong edan kabeyan | angungrum barang kaèksi ||
23. pinindha kang karya gandrung | dhuh bok Badra ari mami | pangetung loro lan sanga | wêlasa pun kakang gusti | gudhe rambat saupama | aja sikara mas yayi ||
24. mung sira pêpujaningsun | sêsotya wadon sabumi | pacêt agung pasabinan | paribasan pêksi langking | tan bêtah sun nandhang brăngta | karungrungan poyang-paying ||
25. mung sira ingkang kadulu | gumantung tuntunging ati | cumanthèl padoning netra | ancur gêdhah saupami | mung sira ingkang karasa | rasaning tyas ingsun iki ||
26. minarda gêng jroning kêdhung | kunir pita saupami | paran baya katêmua | pun kakang lan sira gusti | sukêt galêng rinumpaka | jangkrik gung nèng kêbon tuwin ||
27. pêksi măngsa padha batur | ancur bata saupami | palwa kandhêg nèng samodra [sa...]
--- 117 ---
[...modra] | luputa sir ingsun yayi | nora wurung mati kalap | tuwin mati rontang-ranting ||
28. sun labuhi lêbur tumpur | wau kang tansah wiyadi | rajaputra ing Mandraka | enjing sagunging pawèstri | sadina bèbèk-bèbèkan | kasaru praptanirèki ||
29. Rêtna Banuwati wau | gumêrah parêkan cèthi | wus manjing sajroning taman | Burisrawa kagyat uning | kang raka ing rawuhira | gupuh dènnya malajêngi ||
30. prapta angrukêbi suku | sarya sru dènira nangis | kakang bok pundi Bok Badra | dene ta botên umiring | kakang bok ipe andika | age paduka timbali ||
31. kawula sunggi nèng gundhul | sinambia mêmetani | sarta cik-ancika pundhak | nguyuh anèng sirah mami | măngsa ta dadak pêsinga | anèng rema yêkti wangi ||
1 | Tanggal: Anggara Krêsna (Slasa Wage) wolu (8) Mukaram (Sura) Je: sèwu wolung atus sèkêt sakawan (AJ 1854). Tanggal Masehi: Selasa 21 Agustus 1923. (kembali) |
2 | mungkul. (kembali) |
3 | bumbune. (kembali) |
4 | wus. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: kalang-langan lênglêng ing sira gèr. (kembali) |
6 | Naskah sobek. Guru lagu seharusnya: 8e, pasir wukir raharjane. (kembali) |
7 | myang. (kembali) |
8 | tungtunging. (kembali) |