Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 20–28)
1. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
2. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
3. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 20–28). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
4. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 29–37). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
5. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 38–47). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
6. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 48–57). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
7. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 58–70). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
8. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 71–82). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
9. | Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 83–91). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
20. Pangkur
1. budhal Narpati Sugriwa | saha bala lir robing kang jaladri | kumrusuk saengga jawuh | prahara tibèng wana | pra dipati anggolong sajuru-juru | Radèn Lêksmana widagda | tan têbih lan narapati ||
2. Sugriwa lêpas lampahnya | tan winarna ing marga sampun prapti | munggwing Maliawan gunung | sagung bala wanara | kadya jawah ngêbêki wêngkoning [wêng...]
--- 161 ---
[...koning] gunung | agêbèl tanpa wilangan | wana jurang-jurang trêbis ||
3. kèbêkan bala palwaga | Sri Bupati Sugriwa mangsah aglis | lan sagung punggawanipun | kerit Sumitraputra | praptèng ngarsanira Rama Wijaya wus | gupuh anungkêmi pada | umatur angasih-asih ||
4. dhuh gusti batharaningwang | nuwun pêjah pun patik langkung sisip | ingubaya datan tuhu | pijêr angeca-eca | langkung saking mudha dama mudha punggung | tan eling ing kanugrahan | ing gusti sru anglèbèri ||
5. tumêrah jiwangga mulya | sagung suka mukya boga pangasih | saking gusti kang pinunjul | tangèh umangsulêna | ing dhawuhe marta sih saking pukulun | o gusti satuhu mudha | wre tangèh wruha ing bêcik ||
6. yèn tan wontêna aksama | sang aulun dhatêng dasih tan yukti | yêkti têmah apêpanggung | druhaka salaminya | yèn èstua pangapuntên sang aulun | lêhêng pun dasih dadosa | lamak [la...]
--- 162 ---
[...mak] samadyaning jurit ||
7. têtawuring rananggana | tan kumêdhèp têmpuh nèng prabatapi | lêbura têmahan awu | botên ngampêlu nêdya | ngingkêdana sanyari miwah sarambut | basmia woring bantala | ingayahan padukaji ||
8. myang sagung bala wanara | sawarnine wus samya lêbu pati | katur ing karya pukulun | wêwaha satus praja | ingkang kadi Ngalêngka mimbuha sèwu | tumpêka saisining rat | kang kasăngga ing pratiwi ||
9. kaungkulan ing akasa | kang kataman dening gêbyaring sasi | kang kasorotan puniku | padhanging diwangkara | tan gumingsir lêbura ngarsèng prabuku | Sugriwa sarwi karuna | sagung wanara dipati ||
10. mulat prabune mangrêpa | matur asih nungkêmi padanèki | sadaya samya andhêku | dhêngkluk sirahe samya | mèpèt siti kêthip-kêthip netranipun | mung buntute congat-congat | kadya bajul ngosèk sami ||
11. mèsêm Sri Ramawijaya | angandika [angandi...]
--- 163 ---
[...ka] iya pa kang pinikir | balik ta mungsuhirèku | apa prayoganira | ingsun darma anut pungkur ing sirèku | wis payo padha linggiha | Sugriwa tur sêmbah linggih ||
12. jajar kalawan Lêksmana | samya tangi sagunge wre dipati | ing wuri gêbèl atêpung | tembak atap atarab | tanpa wangên kadya wiyat angêndhanu | upama samodra wutah | balabar ngêbêki bumi ||
13. sagung wanara dipatya | samya kinèn ngabêkti sang siniwi | Anoman mangsah rumuhun | nêmbah anguswa pada | gantya Radèn Anggada sampun tumanduk | sagung wre kang pra dipatya | pranata agênti-gênti ||
14. suka Sri Ramawijaya | mulat sagung wre prawara wus prapti | lir gora gambira catur | yayah basmèng Ngalêngka | de kang bala wanara samya gul-agul | samoa maha saktiman | gumrêgut anggêgirisi ||
15. lawan ambêge sadaya | wre gung alit ambêg sapati urip | ratuning [ratu...]
--- 164 ---
[...ning] wre wus angratu | ring Sang Ramawijaya | ciptanira lêbur luluh ing satuduh | Rama ingakên jawata | sungkême ing pati urip ||
16. sigra Narpati Sugriwa | angêjèpi bupati putra kalih | kêkalih punggawanipun | mangsah marang ngayunan | Radèn RamaDayapati kang pangayun | lan Radèn Balitênaya | Anila Jêmbawan sami ||
17. palwaga raja ngandika | hèh Anoman sira kang ingsun tuding | marang Ngalêngka sirèku | iya manawa ana | ing jro kutha Ngalêngka titikên iku | garwane narendraningwang | gustiku putri Mantili ||
18. têka ing kene marganya | ngidul bênêr liwat ing jalanidi | kang dadi kanthinirèku | ngatêra jaban kutha | Si Anggada Anila Jêmbawanipun | aywa kèh anggawa bala | papat gawaa nyakêthi ||
19. padha wre kang pêpilihan | akèh-akèh manawa angrubêdi | aja adharat sirèku | mêtua ing gêgana | Si Anoman dhewe kang bakal malêbu |
--- 165 ---
maring jro pura Ngalêngka | hèh para dèn ngati-ati ||
20. yèn wis liwat ing sagara | nuli gunung Suwela komargani | ing kono aja kêtungkul | gone buta bêrduwak | yèn anginêp aywa bêbarêngan turu | bêcik padha gêgêntèna | sawuse Suwelagiri ||
21. nuli manjinga jro pura | anjêjêpa ing dalêm gêdhe dhingin | yèn gustimu tan katêmu | kaputrèn lêbonana | dalajahên manawa na tangis krungu | pasthi yèku Dèwi Sinta | intipên dèn ngati-ati ||
22. intipên sakèhing wisma | rungokêna manawa na kalêsik | sanadyan nora kapangguh | pasthi antuka warta | ing ênggone sang putri bok akalipun | kiniwakakên manawa | gustimu putri Mantili ||
23. wusnya ngling Prabu Sugriwa | sigra Ramawijaya ngandika ris | iya dèn prayitnèng laku | sira anèng Ngalêngka | bok pinarêng katêmu marang gustimu | manawa tan ngandêl sira | yèn duta saka [sa...]
--- 166 ---
[...ka] ing mami ||
24. lah iki sêsupeningwang | aturêna maring ing yayi dèwi | pratandhane sira tuhu | yèn utusan saking wang | Radèn RamaDayapati nêmbah maju | sêsupe wus tinampanan | tur sêmbah kapat bupati ||
25. mêsat saking ing ngajêngan | sarêng budhal wanara patang kêthi | wus tilar dharatanipun | anapak jumantara | kadya kilat kumêlap kabèh laripun | kadya baskara mapanas | kumêlap wre patang kêthi ||
26. ngandika malih Sugriwa | mring punggawa hèh sira Satabali | ngalora lan sabalamu | Susena angulona | Si Wisata angetana sabalamu | alas-alas jurang-jurang | gunung-gunung kali-kali ||
27. osak-asikên sadaya | manawa dèn umpêtkên rajaputri | padha dharata sirèku | nêmbah katri punggawa | sarêng budhal kumrutug sawadyanipun | tigang bupati punika | bêkta bala nyatus kêthi ||
28. kunêng kang ngalor kang ngetan | kang angulon alas dèn osak-asik [o...]
--- 167 ---
[...sak-asik] | kali-kali gunung-gunung | jurang-jurang sadaya | wus kèbêkan bala wanara kang ngluru | guwa sami dèn balengkrah | mring balane Satabali ||
29. lawan balane Susena | lan Winata kang sami ngosak-asik | wau ta ingkang angidul | lampahe Sang Anoman | Baliputra Anila Jêmbawan sampun | praptèng giriWarawendya | luhure anglêliwati ||
30. jêmbare sasat Malyawan | samya kèndêl sagung wre munggèng wukir | Anoman kang măngka juru | sayah bala wanara | samya ngambil wowohan anusup-nusup | gègèr saisining arga | kambah wre kang patang kêthi ||
31. ayêm kang bala wanara | amanggih woh ing gunung adi-adi | lan ayêm padha angaub | samya rêbut panggenan | ingkang aub sawênèh banjur aturu | punggawane kang sakawan | anggunêm rungsiting margi ||
32. dangu-dangu samya mulat | analawang guwa kèh manuk mijil | kumêbul andulur-dulur | sigra bala [ba...]
--- 168 ---
[...la] palwaga | mulat lawanging guwa samya lumêbu | kumrutug arêruhunan | praptèng jro guwa ningali ||
33. ana pagêr katingalan | kadi pagêr gêdhong tinon aputih | sumunu baswara murub | sigra bala wanara | anglêbêti sajroning gêdhong puniku | amanggih ingkang atêngga | wong wadon kênya satunggil ||
34. warnanira langkung endah | samya mèsêm wre dènnya aningali | sawênèh samya gumuyu | ing wuri ting cukakak | polah-polah angrêraga solahipun | ana ingkang angujiwat | kadya kasmaran gêng brangti ||
21. Asmaradana
1. pawèstri ika nyuguhi | toya kalawan wowohan | toyane langkung asrêpe | awor arum sawatara | kang wre suka sadaya | sêsuguhe malah tuwuk | tinakèn salakunira ||
2. wanara saurira ris | pan ingsun wre Maliawan | kinongkon ing ratuningong | Bathara Ramawijaya | maring nagri Ngalêngka |
--- 169 ---
mariksa ing garwanipun | Dèwi Sinta nèng Ngalêngka ||
3. dhinusthèng Dasamuka Ji | lah sira iki wong apa | dene ana kene dhewe | têka wani tanpa rowang | lan iki sapa karya | tilasing kadhaton agung | sapa yasa ing gapura ||
4. lan sapa aranirèki | sapa nurunakên sira | wong wadon alon saure | ingsun aran Sayêmpraba | dene ta bapaningwang | pan ratuning danawa gung | nama Prabu Wisakarma ||
5. ibu Sumèru Suwarni | iya iku kang ayasa | kadhaton uparênggane | purwane rusak dinukan | deningBathara Endra | iya dening niru-niru | kăntha-kanthaning suwarga ||
6. kadhaton wolu swarga di | mulane pinanah barat | Endra asangêt dukane | dadi rusak malah mangkya | kari iki kewala | minăngka panggonan tunggu | ing guwa iki lan alas ||
7. lawan widadari siji | kang minăngka rewang ingwang | kang sinung
--- 170 ---
panggaweane | tunggu dadi kanthiningwang | pakone Sang Hyang Endra | yèn sirarsa aglis rawuh | marang nagara Ngalêngka ||
8. mangkana dêlingirèki | pan wus prabawaning ditya | sanadyan dudu kadange | dudu gusti dudu mitra | yèn ta sami danawa | tunggal ing panganggêpipun | dene jinise kewala ||
9. tunggal pangulahe sami | nanging wau Sayêmpraba | tan arsa amrih rusake | maring kang bala wanara | mila ewa kang manah | de miyarsa lampahipun | wre maring nagri Ngalêngka ||
10. Sayêmpraba lingira ris | lah iya padha mêtua | têka ing guwa dèn age | yèn sirarsa aglis prapta | maring nagri Ngalêngka | ing batin Sayêmprabèku | amasang aji kêmayan ||
11. lah payo tutupa sami | yèn wus padha tutup mata | nuli mêtua dèn age | yêkti glis prapta Ngalêngka | wre kabèh sami suka | pangrasanira satuhu | pangucape Sayêmpraba ||
--- 171 ---
12. alah si sayah lumaris | glisa prapta ing prabawa | wusnya tutup mata kabèh | sigra kinênan kamayan | ajine Sayêmpraba | wre cadhok sadayanipun | tan wruh lor kulon dul wetan ||
13. tan wruh lènging guwa ajrih | kamikêkêl sêdhihira | wus dangu dyan matakapèn | tan wruh yèn wus mêtu samya | saking sajroning guwa | ukur cadhok mayaripun | mangkya kang wanara bala ||
14. lor kidul datan udani | tanpa budi tutur ilang | sadaya sênêp atine | riwut jagad idhêpira | bingung binglêng kalintang | Anggada sêdhih ambêkuh | langkung tanpanon ing jagad ||
15. kapi Jêmbawan ningali | susahe Radèn Anggada | dene kudu pêjah bae | merang tiwase dinuta | kapi tuwa Jêmbawan | dadi sungkawa kalangkung | miwah Sang Kapi Anila ||
16. sira RamaDayapati | mulat ing kapi Jêmbawan | wre tuwa susah atine | Anoman mèlu sungkawa | dadya
--- 172 ---
sadayanira | wanara sêdhih kalangkung | samyambêk suka pêjaha ||
17. anèng ardi Windu sami | angur si muliha aran | rêpêk kabèh panangise | kunêng wontên kang kocapa | ratuning pêksi dibya | pinandhita ambêgipun | nama Sêmpati prawira ||
18. gêngnya saprabata siwi | cucuk malandhêp lir braja | nanging wulune barondhol | kalimis lir but-êmbutan | gêgilani winulat | samya jrih wre kang andulu | kabubuh prihatinira ||
19. dene kang pêksi marani | gêngira tur salah rupa | ngadhêp marang wre jadhodhog | wre samya asambat-sambat | dhuh cacad têmên padha | ingutus karya tanpantuk | pijêr kêna ing kasmala ||
20. duryasa bae pinanggih | adama tanpa budaya | Si Sayêmpraba cidrane | alêhêng kabèh matia | duta tiwasing karya | cacak Si Janthayu manuk | tan ingutus antuk karya ||
21. pan ika milyambelani | tur nora [no...]
--- 173 ---
[...ra] kinongkon iya | suprandene têkèng layon | ingsun iki kang dinuta | tiwas tan antuk warta | kang wit lêganing tyasipun | Jêng Gusti Ramawijaya ||
22. anyare ical sang putri | panggih Janthayu nèng wana | sinungan urmat patine | ika kang antuk utama | hèh manuk gundhul sira | sariramu mêmbut-mêmbut | lah payo patukên ingwang ||
23. Jêmbawan Anila sami | Anggada Marutasuta | samya mangkana ujare | hèh manuk mangsanên ingwang | bagya matia samya | marga saking sira manuk | parandene ngêlih sira ||
24. cucukana kabèh iki | yêkti sira nora lapa | yèn warêk kuwat lakune | cacad sira tan awèha | pati marang wak ingwang | lah age badhogên ingsun | urip tiwas ngur matia ||
25. wanara sawusira ngling | Sêmpati lon saurira | hèh wanara sira kabèh | babo pagene ta sira | sotamatan rêringa | têka mampir ngarga Windu | gunung [gu...]
--- 174 ---
[...nung] kaliwat durgama ||
26. rêgêde anglêliwati | wit-witan mèh gayuh mega | iki pangalapan gêdhe | apa tanpa kira-kira | melik akèh wowohan | lah mêngko sira tinêmu | padha nandhang duka cipta ||
27. sira mau angrasani | pêksi Janthayu utama | apan iku kadang ingong | Si Janthayu kang taruna | ingsun ingkang atuwa | Si Sêmpati namaningsun | lêga tyase wre duk myarsa ||
28. hèh Sêmpati ulun iki | dutane Ramawijaya | mring Ngalêngka karyaningong | amariksa Dèwi Sinta | pijêr lawas nèng marga | dadi tiwasing lumaku | marmane suka matia ||
29. mojar prawira Sêmpati | hèh cacada sira padha | ngêndi ana kang mangkono | tiwase wong cinundaka | nalarên dèn sêmbada | aja nuli kudu-kudu | mrih pati tanpa karana ||
30. iya ingsun kang ngrewangi | angrojongi lakunira | aja na putungan atèn | ngidul bênêr iki
--- 175 ---
marga | ingkang maring Ngalêngka | têngêrana ana gunung | padha lan ing Maliawan ||
31. asri luhure pan sami | ingkang sinungan omah mas | gunung iku ing pucuke | yaiku nagri Ngalêngka | saking doh katingalan | omah mas gumêbyar murub | kang anèng pucuk ngaldaka ||
32. iku pêlêngên dèn eling | kang minăngka panêngêran | saking doh katon urube | timbang lan Ngendrabawana | srining pura Ngalêngka | lah payo mangkata gupuh | kabèh wre padha ngadêga ||
33. antuk sabdane Sêmpati | wadya wanara sadaya | mulya mala cintrakane | Sêmpati sru poma-poma | lah iya Lokapala | omah mas saluhur gunung | pan iku dewa kang karya ||
34. Bathara Wisrawanèki | kaprabone Daniswara | kasor ing nguni yudane | kalawan Sri Dasamuka | pinundhut marang swarga | basmi jagad sadaya wus | makêtêring Si Rahwana ||
35. nanging ta iku [i...]
--- 176 ---
[...ku] sayêkti | besuk sirna dening sira | Ramawijaya pasthine | kang matèni Dasamuka | marmane dèn aenggal | dadèkna lakunirèku | lah uwis padha mangkata ||
36. kunêng wuwuse Sêmpati | suka kang bala wanara | nora sangsaya budhale | wus prapta kadiranira | nulya ana prabata | sakiduling wukir Windu | nênggih kang ardi Maendra ||
37. kèh wowohan dèn ampiri | tuwuk sagunge wanara | nulya katon samodrane | wus parêk lawan Ngalêngka | akèh kang ombak bangkat | anêmpuh sukuning gunung | agung swaranya gurnita ||
38. langkung asri sining wukir | Maendra apan sarwana | suka wanara sakèhe | samya mêdhun ing samodra | suka mêng-amêng samya | nèng têpining samodra gung | anon mina ing samodra ||
39. akèh warnane jaladri | ana iwak wre malumpat | wre mulat angêkêl kabèh | mangkana Radèn Anggada | angling [a...]
--- 177 ---
[...ngling] marang Anoman | lah ing kene bae ingsun | anganti ing lakunira ||
40. sira lajua dèn aglis | manjing kutha ing Ngalêngka | Anoman sira nulyage | mêsat anapak gêgana | ngidul bênêr lampahnya | kadya garudha maniyup | kumilap andiwangkara ||
41. tuhu mukyaning duta di | wasistha tumamèng awan | Anjanisuta solahe | mênggêp anapak gêgana | mangkana cinarita | wontên wêwêrining diyu | mêmăngsa ulam samodra ||
42. awasta pun Tathêkini | sarira kadya prabata | cangkêm lir guwa malompong | tumingal ana kumlebat | sinandêr wus dèn untal | ingulu wus praptèng wadhuk | Anoman mêre ibêkan ||
43. sarwi jêrowan pinuntir | rinêmêt-rêmêt tyasira | Tathêkini gêro-gêro | ngolang-aling kupingira | kêri angrungu swara | mêkar tiwikramanipun | Anoman anjêjêg iga ||
44. dhuwak sêbit Tathêkini [Tathê...]
--- 178 ---
[...kini] | kadya gorane prahara | tibèng jaladri wangkene | sirna kinarubut mina | Tathêkini pêjahnya | sigra lajêng lampahipun | Anoman ningali arga ||
45. munggèng madyaning jaladri | nênggih pulo Maenaka | akathah palakirnane | wau ta salangkungira | Radèn Anjanisuta | gunung Maenaka nguwuh | Anoman sira mampira ||
46. anata sugata mami | jambu jambe jêruk jirak | nanas năngka wuni wunglon | mêngko yèn sidhêm lajua | kene ngayêm-ayêma | prayoga dènira ngaub | aring angrungu brêmara ||
47. lan mêmangana sirèki | isining gunung maneka | sakarsanta ana kabèh | Anoman kagyat miyarsa | gunung aswara janma | pinaran wus praptèng gunung | gunung maksih swaranira ||
48. liwat suka sun ningali | hèh Anoman maring sira | dènnya nglakoni karyane | Bathara Ramawijaya | nayakèng jagad traya | ingsun iki milu urun |
--- 179 ---
angurmati lakunira ||
49. hèh wruhanira Maruti | iya Ngalêngkadirêja | anglimput kaluputane | Rahwana duskartaningrat | arubiru ru-ara | salawase nguwus-uwus | tan ana kang ananggulang ||
50. bok pinarêng sira iki | mêntas angadoni pancas | amung gustimu tandhinge | Bathara Ramawijaya | nyirnakkên gêlah-gêlah | tinalanga gagang suruh | bae gêmpuran Ngalêngka ||
51. bêja timên sira iki | milu manjing ing prakara | pasamuan luwih gêdhe | kalawan luwih utama | ing rèh Bathara Rama | pan sinêksèn ing lakumu | dening Hyang Suksma Kawêkas ||
52. Anoman ngungun miyarsi | sarwi anadhah wowohan | ya gunung dèn akèh-akèh | pangistunira maringwang | ingsun liwat tarima | ing sakèhe sugatamu | pan wus misra kalampahan ||
53. wus kantuna sira wukir | sun mangkat marang Ngalêngka | pan wus lawas lakuningong | bok dadi pangarsa-arsa |
--- 180 ---
sawadine praptaa | ing Ngalêngka lampah ingsun | saksana Radèn Anoman ||
22. Sinom
1. mumbul anggayuh gêgana | sira RamaDayapati | ana ditya gung cangkrama | namane Wikathaksini | panjang astanirèki | badhog iwak sukanipun | mina sining samodra | buta gogo sabên ari | mulat lamun gêgana ana kumlebat ||
2. sinandêr sêdya minăngsa | kumudu-kudu sumêkti | cinandhak nulya dèn untal | duk praptèng gulu Maruti | ditya Wikathaksini | kalêlêgên anèng gulu | malêlêng pucicilan | ingêlêd-êlêd tan kêni | Dyan Marutasuta anyudhat kênaka ||
3. suwak anulya dinugang | rêmêk angganira sêbit | gurunge sinaut pêgat | pêjahe Wikathaksini | Marutasuta aglis | mêsat angayuh mandhuwur | langkung saking samodra | wus praptèng Suwelagiri | lampahira Rahadèn Bayutênaya ||
4. amanggih ditya lêledhang [lê...]
--- 181 ---
[...ledhang] | nyalimpêt sira Maruti | kèh buta dangu tan pêgat | ajibêg awira-wiri | sêdya ngêntosi wêngi | Anoman ing lêbêtipun | èngêt pitungkas ika | duk ngacik Suwelagiri | nulya manggih kali angubêngi arga ||
5. purastha ing Guruloka | cinithak rineka sami | luhure ponang gapura | mubyar sinungan hèr gêni | ana sawaluh kênthi | kadya baskara tumurun | bêbauning gapura | sinung mirah sapuh jênggi | rêbut praba gêbyare sasmitèng jagad ||
6. lajêng Sang Pawanasuta | ningali margi kapering | tinitik ana gapura | rinênggèng salaka putih | kabèh banone putih | putih lan sêrasahipun | gapura pinarapat | ing pucak mutyara putih | pan pinènèk Anoman pangintipira ||
7. ing jêro kathah rêksasa | pirang-pirang gon dupagni | gêdhonge luhur ajêmbar | wêlinge Sugriwa nguni | barang gon kinèn ngintip | anjêjêp [a...]
--- 182 ---
[...njêjêp] pratelanipun | isining gêdhong pêthak | samya rêksasa sêmadi | pan akathah solahe buta mêmuja ||
8. anadhêlak adhêdhangkak | ana jungkir muntar-muntir | ana asiduwadawa | ana jêngking milang-miling | manglung ngiling-ilingi | dupa marab-marab murub | samya gundhul manthilas | ana tumênga mragigih | gêdhong iku ênggone buta pandhita ||
9. amasang aji kêmayan | pangapêsing maling sêkti | anglarut bayuning mêngsah | yèn ana madyaning jurit | masang budayan sami | mungsuh mara-mara rubuh | aja na kongsi bisa | nyêkêl gêgamaning jurit | ginêtaka mungsuh tiba galundhungan ||
10. mangkana pangejanira | para nujuming rasêksi | kabèh buta pêpradikan | tan ana sinungan sami | amèt măngsa pribadi | pinanci sasukanipun | saking Sri Dasamuka | sabarang wus dèn saosi | buta jagul kang jaga sèwu sadina ||
11. gêdhong kapering gènira | kang saos [sa...]
--- 183 ---
[...os] angrêratêngi | kulub-kuluban bêkakak | gêcok gudhang wus miranti | yèn wus mêmuja sami | nuli goyang gênthanipun | sagung saosan prapta | buta kang samya ngladèni | maradhingkul tan ana ingkang tumênga ||
12. yèn lêladène wus tata | pandhitane badhog nuli | danawa jagul sadaya | samya mêrêm tan ningali | yèn wus dènira bukti | ginêdhog wêwadhahipun | mêlèk anglorot samya | undure adingkik-dingkik | mèsêm mulat kang ngintip Radèn Anoman ||
13. mrêpêki pangintipira | maring gèn sapetak malih | buta tarab tata lênggah | marik-marik mangku dhingklik | samya ngiling-ilingi | kitab calumpring pring pêtung | katon mangsine abang | gêtih sato kang kinardi | kang ingucap wusingpati nêmu swarga ||
14. kayangan akèh wowohan | kang akèh santosa wêrdi | swarga kang katêmu dadya | nora nganggo nênanduri | sastrane kèh pradongdi | poyok-pinoyok [poyo...]
--- 184 ---
[...k-pinoyok] apadu | padha ngugêmi samya | ing sastranira pribadi | kadrawasan têmahan lajêng atukar ||
15. sarwi bêkta bêbadhogan | badhèg wêwadhahe guci | samya asandhing badhama | sangu kulub urab gêtih | gêtihing sênuk sami | ingurab kalawan wuduk | wus wuru kiprah-kiprah | badhama kinarya undhi | sumbar-sumbar acara-caraning aprang ||
16. satêngah danawa drêmba | sawadhah têlas pribadi | kawuron galundhung rêbah | pan sarwi angrangkul guci | kancane nyiram gêtih | sinawur lan kilangipun | satêngah kang rêksasa | tuwêk tinarik sumandhing | wusnya wurubêksa tuwêk ngundha gada ||
17. sawênèh ana rêksasa | punggawa taruna sêkti | amêng-amêng ring gêgana | wimana titihannèki | akèh solahing ratri | rêksasa sêsaba dalu | ana kang lagi têdhak | saking gêgana kèh ngiring | bupatine ika nitih ing rata bra ||
18. sira Radèn Bayusuta | punggawa iku dèn [dè...]
--- 185 ---
[...n] intip | sapraptaning dhangkanira | ing nguni boyong pawèstri | kalane mênang jurit | umiring rêksasa prabu | wau sapraptanira | amêng-amêng ing wiyati | amarani gone kênya bêboyongan ||
19. ingajak manginum samya | èstri iku tan nuruti | saking sêdhihe kang manah | dènnya pisah yayah bibi | nulya ingarih-arih | ingajak cumbana sampun | Pawanasuta mulat | sumêdhot ing tyasirèki | karasèng tyas gustine Ramawijaya ||
20. ciptane Radèn Anoman | mangkene tingkahe ugi | gustiku anandhang brăngta | luhnya drêsira Maruti | mundur ngalih pangintip | ana rêksasa angidung | arum swarane mêmbat | Anoman mèsêm miyarsi | ya ta luwar duka ciptèng gustinira ||
21. sigra manjing jroning pura | Anoman ing pukul siji | kêtanggêl wêktuning wulan | Anoman minggah ing wukir | wukir sajroning puri | samadyaning sètu-sètu | ngayuh Anoman [A...]
--- 186 ---
[...noman] minggah | wêngkoning praja kaèksi | akèh katon gêdhong-gêdhong jroning pura ||
22. ana sagaran gêng wetan | ngujwala toyanirèki | gêdhong-gêdhonge majupat | sabên kang gêdhong satunggil | sinungan êjam sami | sagaran amawa alun | tinarik lan paekan | tan pêgat swaranirèki | pinrih barung lawan swaraning kang êjam ||
23. ana pêpetakan wana | gêdhonge luhur ngungkuli | wêwêngkon wiwaranira | isine sato mêpêki | ewon dipangganèki | singa warak lan andanu | andaka tan petungan | ana kang sapetak malih | iya ana gêdhonge têngah gonira ||
24. isine têngah talaga | ing pêpinggire ngubêngi | ingkang pratima kancana | rineka buta sapalih | sapalihe winarni | jawata mangkat anglurug | sinung kapraboning prang | limpung badhama magandhi | ana gada langkap parasu căndrasa ||
25. kadya prang arêbut toya |
--- 187 ---
jawata lawan rasêksi | padha diranya macakra | makunta gada magandhi | anata gêdhong malih | nanging minêp lawangipun | ana banaspatinya | mas abang ingkang kinardi | netranira mirah nila lan mutyara ||
26. kadya sumusul tumulya | milu rêbutan martèki | têmpur netraning jawata | miwah netraning rasêksi | ingkang kinarya sami | jumantên intên jumêrut | dadya asarawungan | kadya baskara sêsiring | tinon kadya sor rêsmining guladrawa ||
23. Dhandhanggula
1. langkung asri busananing puri | ing Ngalêngka kancana sadaya | gêdhong-gêdhong lan pagêre | miwah gapuranipun | jroning pura awarni-warni | gapura tan petungan | sadaya mas murub | wêwanan miwah sagaran | kêbon kêmbang-kêmbang lêt gapura sami | ewon gêdhong jro pura ||
2. sabên gêdhong êjam siji-siji | sabên gapura pucak mutyara | kumalanila widure | pakaja myang jumêrut | lumrah pagêr-pagêre akik | ijo wungu lan [la...]
--- 188 ---
[...n] abang | seta miwah dadu | gapura ukir-ukiran | sawarnine gapura mring sari-sari | manik ingukir samya ||
3. anggarjita Radèn Dayapati | mulat gêdhong madyaning sagaran | samya mas uparênggane | baya kono gonipun | gustiningsun putri Mantili | Anoman praptèng kana | tiningalan suwung | nora nana Dèwi Sinta | mulat malih kêbon kinubêng batakik | gapura sri rinêngga ||
4. ing sêsotya sampun dèn prêpêki | tiningalan pan suwung kewala | amung rara ayu kabèh | sami kênyaning diyu | pan gumêdêr amajang sasi | kesah saking ing kana | mring panggonan taru | tarune taru kanaka | langkung singup sami kinubêng batakik | murub ujwalaning mas ||
5. anèng têngah witana sawiji | witana rêtna saijab-ijab | busana sêsotya kabèh | isining samodra gung | wus pinutêr tan ana kari | rupaning iwak-iwak | winarnèng mas murub | lan ana naga kancana [kanca...]
--- 189 ---
[...na] | angalêkêr kadya lèrèn solahnèki | anèng pipi gapura ||
6. mring Anoman pinaranan prapti | pinariksa tan ana katingal | putri Mantili prênahe | nulya malih kadulu | ana payung agung kaèksi | angungkuli kêkaywan | miwah gapura gung | têgêse kang kayon êmas | kang pinindha payung pinarabot asri | sêsotya lan pakaja ||
7. lan ênggone têtunggangan sami | gajah rata turăngga andaka | pinartima ing mas kabèh | Anoman mara gupuh | datan ana putri Mantili | ing kono akèh ditya | kang samya atungguk | Anoman sigra mêmindha | rupa ditya marmane tan dèn kawruhi | tutug sasolahira ||
8. mulat malih wangunan kapering | ana gêdhong kinubêng sakăndha | asri munggul gapurane | ênggon wimana agung | pinaranan nora kapanggih | ngubêngi kênyapura | sayah lumpatipun | ngunadika jroning nala | êndi silih ênggone [êng...]
--- 190 ---
[...gone] gustiku iki | putri Mantilidirja ||
9. mulat ana omah mas gêng asri | kinubêng ing pancaksuji rancang | luwih saking wangun kabèh | murub ujwalanipun | malah kasor gêbyaring sasi | dene ta intên mulya | mirah agung-agung | myang luwih gapuranira | kêmbang-kêmbang saking doh gandaning sari | mara nanduki grana ||
10. lawan ewon ênggoning pawèstri | endah-endah datanpa wilangan | abra murub sêsadone | banon kandêl abakuh | pan kancana sinilih asih | tur sampun pinaryitnan | pandhusthaning satru | ananjak kartisampeka | panglêsune panah bayu kang nêkani | sandi pangendrajala ||
11. tan na kewran ing bêbaya prapti | wus sinaos pangulah durtama | panulak jêmparing ngêne | Anoman malpat gupuh | pagênthan gêng wus dèn ungkuli | andulu kang wimana | lir prabata luhur | gêngnya saardi Maendra | ujwalane sor surya sèwu matandhing | rêngrêngkang puspaka [puspa...]
--- 191 ---
[...ka] bra ||
12. yèn krura lir Bathara Kala mrih | maberawa umanganmangan rat | Anoman eram tingale | anjog paniyupipun | aningali Rawana guling | kinubêng èstri samya | kênya èwu-èwu | Anoman manjing rumangkang | tiningalan parêk angiling-ilingi | kapati dènnya nendra ||
13. anglênggorong gumlêgêr swaraning | oswaning irung kadya maruta | lir randhu rubuh wêntise | êndhas katos sapuluh | kalih dasa bau ngajrihi | gêmbala ngapurancang | obah dening irung | kadya kimbaning prabata | pangoroke anggurnita sindhung kosil | mêdêd dening pracăndha ||
14. kacaryanbêg RamaDayapati | marêpêki nèng ulon alênggah | pawèstri kèh sirêp kabèh | wusnya dulu mring prabu | èstri samya dèn ling-ilingi | Dèwi Sinta tan ana | sêdhih tyasnya mèpu | waluya kawreanira | kaku tyase dènnya ngubêngi jro puri | kang pinrih tan kapanggya ||
--- 192 ---
15. têlas jinajah sajroning puri | amung wruh ing rêngganing kadhatyan | sor Ngendraloka karyane | gunging sotya ngênguwung | mèh raina suwe ngubêngi | akèh rêksasa nganglang | Anoman anglalu | kawênangana raksasa | bage sukur dèn sikara banjur jurit | rêrêmpon sêdyanira ||
16. lamun datan kapanggihèng ngriki | gustiningsun Sang Mantilidirja | suka aprang anèng kene | kapanggiha dèning sun | mendah sukanira ing mami | Gusti Ramawijaya | Anoman andulu | mega bang wetan sumirat | tabuh sapta yèn pukul Ngalêngka muni | nulya na wêwangunan ||
17. kidul wetan kadhaton kapering | anglangkungi wêwangunanira | lan sajroning pura kabèh | gapuranira munggul | sumarawang pucak hèr gêni | sawoh jênggi gêngira | mancurat ngênguwung | tinatirah ing pakaja | banon pandhak kang kinarya akik wilis | rêringgit rêrèjèng mas ||
18. mawi usus-usus [usus-usu...]
--- 193 ---
[...s] mutyara di | adu rapêt cinawi kanaka | gadhung malathi tejane | rong asta longkangipun | akik wilis mawi gêgapit | mirah bang kang kinarya | adêg-adêgipun | yèn tinon saking doh kadya | pangrasane kang mulat rinaja wrêdi | tur akik sinangsaya ||
19. dhasar wilis tinratap bang putih | akik miwah mutyara pinatar | ginănda maru manise | sinalimpêt jumêrut | sakaryane ngebat-ebati | ing jro isi omah mas | sinirap ngênguwung | kinubêng ing kêmbang-kêmbang | amarani jinêmbangan gêdhah rukmi | tinatrap nawa rêtna ||
20. ingkang mungging ing jêmbangan wilis | sawarnine sêkar ingkang pêthak | sêdhêp malathi mênure | miwah argulo pingul | noja putih saruni putih | kang munggèng ing jêmbangan | putih sêkar wungu | taluki argulo noja | ingkang wungu kang munggèng jêmbangan abrit | sagung sêkar kang jênar ||
21. sêkar abang tumut anèng wilis | sêkar pita tumut munggèng seta |
--- 194 ---
lan sagung kang wungu kabèh | dene sêkar binatur | bêbature salaka putih | pinacaksuji rancang | kancana tinunjung | kalak pêpacar capaka | myang kananga mangunêng lan nagasari | tanjung cinuji rancang ||
22. soka sawo angsana kamuning | capaka gondhok pudhak rêjasa | botên binatur ênggène | banjêng ing wurinipun | sêkar jinêmbangan ing ngarsi | gambir puspa capaka | argulo bang dadu | wora-wari kapurănta | puspanyidra kanigara kacapiring | prikancu lan sikatan ||
23. pacar-pacir sri gadhing sulastri | mas kênikir rangkêp lawan lămba | purbanagara prabusèt | patrakusuma ngayun | pacar warih sêkar subari | banjêng kumbala patra | mêmojok gènipun | noja seta wungu rêkta | dadu pita anjrah jinêmbangan sami | botrawi tarate bang ||
24. pacar cina dalima nyêlani | tunjung tutur lan têtarawarsa | wong arumpuk dadu sore | kang sêkar dangan andul |
--- 195 ---
kiwa gène wuri kapering | tangèh yèn winuwusa | sri rêngganing wangun | nênggih taman argasoka | kontap taman Batharendra wus kawuri | sri taman purèng Nglêngka ||
25. pan punika gène dyah di-adi | kinumpulkên taman ngargasoka | kang olah găndawida ngrèh | jêbad kasturi arum | kang ngluwihi wangi sabumi | anggiting Guruloka | tiniru katiru | tinitik saking jro cêtha | pakartine kaluwihan widadari | ratus kang paripurna ||
26. wau Radèn RamaDayapati | mulat ana wangunan kapisah | angungsi ngiwa sêdyane | mangke yèn dalu wangsul | tan acipta lamun sang dèwi | putri Mantilidirja | kinêbon ing ngriku | anèng taman argasoka | pan akathah parèstri ingkang nênggani | miwah ditya prawira ||
27. kang nênggani ing putri Mantili | Sang Anoman mènèk ing kêkaywan | nêdya singidan prênahe | kandhih dening kang manuk | kalong mibêr abola-bali | murugi
--- 196 ---
manuk kathah | sêdhih tanpa turu | yèn wêngi malih anêdya | Sang Anoman wangsul marang pura malih | ngungsi rina kewala ||
28. angadhêmpêl ing pangkontang-kanting | dening maruta kaku tyasira | Anoman sigra angalèh | malumpat kayu-kayu | ngalih-ngalih ngiwa dènnya mrih | riwusnya tatas wetan | sêsêkaran alum | rusak wêtuning baskara | kadi-kadi belani putri Mantili | kang luwih nandhang brăngta ||
29. ciptanira kusumèng Mantili | yèn èstua pisah lan Rêgawa | mung anyipta mati bae | mati maturun apyuh | miwah patrêm ingkang kaèksi | kèsthi sadina-dina | nora ketang kontung | tinuwêk ing Dasamuka | siyang dalu sang rêtna anggung anangis | guling tansèng pratala ||
30. amiyarsa kusumèng Mantili | swaraning manuk andon wurahan | kadya pangêbang-êbange | kadi mangkana tuhu | pelingipun unining pêksi | hèh sampun ta sang rêtna | nangis sabên [sabê...]
--- 197 ---
[...n] dalu | Ramawijaya mèh prapta | wus kèndêl ta siyang apantara ratri | aja gung among brăngta ||
31. angin milir amawa mrik minging | kagyat wau sang rêtna rumaras | sêkar-sêkar graitane | anyana gandanipun | ingkang raka macalang prapti | Risang Ramawijaya | gandane tumanduk | tanbuh-tanbuh solahira | ambungahkên ing manahira pribadi | kinăntha kanthinira ||
24. Kinanthi
1. dhuh dewa dhuh jawata gung | tingalana solah mami | sèwu lara sèwu brăngta | tan ana timbange mami | yèn pukulun tan panggiha | kalawan pangeran mami ||
2. banjutên pisan wak ingsuh | aywa andêdawa wingit | gustiku satriya Rama- | wijaya tolihên mami | dasihta tanpa sarira | kêna ing wiyoga sêdhih ||
3. Anoman malumpat sampun | praptèng witing nagasari | mulat mangandhap katingal | wanodya yu kuru aking | gêlung rusak awor lêmah | ingkang [ing...]
--- 198 ---
[...kang] iga-iga kèksi ||
4. pinandêng sarwi tumungkul | Anoman ngiling-ilingi | sarta mirsakkên karuna | sumêdhot tyasira nênggih | iya iki baya-baya | kusuma putri Mantili ||
5. mêdhun ing pragak tumungkul | Anoman sarwi ningali | umingêtakên sêsambat | sangsaya inggil hyang rawi | sakenjing dènnya karuna | kusuma putri Mantili ||
6. lataring wisma mas murub | kunêng wau ta kang prapti | Prabu Rawana digdaya | ngadêg ing ngarsa sang putri | alon dènira ngandika | dhuh babo ari Mantili ||
7. apa gunanta gêngningkung | yayi maria makingkin | tambanana laraningwang | mung sira akarya sakit | cumanthèl pucuking netra | gumantung tungtunging ati ||
8. tanpa gawe sira masku | anggunga kumantil-kantil | marang Si Ramawijaya | tanpa ngrasa sira yayi | gung ginawa inapapa | nusup-nusup nèng wanadri ||
9. măngsa padhaalaningsun | ratu agung jayèng bumi [bu...]
--- 199 ---
[...mi] | sapa ratu kaya ingwang | kang kasăngga dening bumi | kang kongkulan ing akasa | nadyan dewa padha wingwrin ||
10. Hyang Endra kabănda ringsun | makêtêr isining bumi | ing triloka wus kandhapan | apa gawe lara brangti | êla-êla nistha papa | amikir Si Dasarati ||
11. sang putri saengga gunung | tan obah tinêmpuh angin | gêng sêtya ing priyanira | tan calamapaku wêsi | tan keguh praptèng antaka | tan arsa giwang ing kapti ||
12. wêngis pêdhês sauripun | enggal patènana mami | Dasamuka rêngu mewa | wusana amuwus malih | hèh babo Janakatmaja | apa sira ajap malih ||
13. apa tan sasar sirèku | nampika pakarti mami | dumèh rêksasa kruraya | sira tan arsaèng mami | lumuh marang ulah salah | tan angèl mangkana yayi ||
14. yèn Si Rama ariningsun | kaya-kaya mêmarèni | jêrkuwus tuwuk mutyèng rat | warêg wibawa [wi...]
--- 200 ---
[...bawa] nèng bumi | kadya nutapakartinta | prayitna madamèng sisip ||
15. matakut ing ulah luput | marmane yayi aywa gring | ilangna prihatin dahat | apa sira walangati | pan ingong jayèng bawana | sabarang rèhirèng mami ||
16. gulinge ngomah mas murub | mamukti lan ingsun ari | apa tan atis mas ingwang | aguling ana ing siti | sarea ing jajaningwang | dèn eca ing sabên ratri ||
17. wasisan sarea masku | manjinga kêkulung ati | witning tan adoh lan ingwang | dadya sapakonta ari | miwah ta yayi tyasira | gadhuhêna ingsun gusti ||
18. turutênsawuwus ingsun | mung sira sun kaluluti | iya tan liya mung sira | rewang sapati saurip | ing dunya praptèng dêlahan | mung sira rewang ngong mukti ||
19. apa ta karya gung wuyung | tolihên prabuku yayi | apa sakarsanira na | tan ana luput sawiji | kabèh sining suralaya | pintanên udhunna gusti ||
--- 201 ---
20. tuntunên lan dewanipun | Endrane gawenên yayi | patunggu korimu dadya | Dasamuka riwusnya ngling | sang rêtna sumaur sugal | tanpanonrat idhêpnèki ||
21. mung Ramawijaya ketung | tan mingkêt praptaèng pati | hèh Dasamuka ta sira | angaku prawirèng bumi | sira dig liwat durjana | gêlah-gêlahing sabumi ||
22. angaku prawira tuhu | dene ko anyidrèng mami | anungkul satriya Rama | nora du arêp sirèki | iku tandhamu durjana | mèk kang duwe tan udani ||
23. pasthi yèn tugêl gulumu | Ramawijaya sinêkti | putusing rèh parikrama | jajalên papagna nguni | yèn nora bangkemu basah | sira tinigas jêmparing ||
24. ngungsiyèng sagara gunung | yèn pangeranku mênangi | tangguh angadoni laga | yèn kang duwe wus ngêmasi | rame prang padha satmata | binoyong iku prajurit ||
25. lakumu iku nistha dur | dudu kramaning narpati | murka candhala [ca...]
--- 202 ---
[...ndhala] kewala | buta rêrêgêding bumi | ngaku prabu wirotama | ratu dig kêna ing sarik ||
26. wong apa ingkang anyêbut | prabu tama ing sirèki | yèn sira mapaga rèng[1] prang | Ramawijayèng wanadri | liwat saking gung apapa | iya ngungsi maring ngêndi ||
27. tan wurung pisah gêmbungmu | sang putri pêdhês dènnya ngling | Dasamuka lingsêm dahat | anarik căndrasa aglis | Sinta liat ini apa | tiba ing gulumu mangkin ||
28. wau kang ngengkrang nèng kayu | atas danguning miyarsi | têtela wus nora samar | Radèn RamaDayapati | mulat maring Dasamuka | mèh lali rèhing duta di ||
29. ing nalikanira ngunus | ing căndrasa mèh dèn jlogi | saking paragak jinambak | tinubruk winawèng jurit | pinothol gulune pisan | èngêt pinăngka duta di ||
30. putri Mantili sru muwus | yèn sira nora matèni | maring ngong dudu narendra | dudu prawira sayêkti | lah payo sundêpên enggal |
--- 203 ---
jêr sun lalu nora sudi ||
31. Dasamuka merang mundur | wil tigang atus tinuding | anggêgila Dèwi Sinta | samya narik limpung gandhi | badhama kunta myang cakra | tinarik anggêgirisi ||
32. Dèwi Trijatha angambul | wil tri atus dèn tudingi | hèh wil mangkono karyanta | anuruti uwa aji | wong angiwung poyang nungsang | sirèki arêp nuruti ||
33. dêlêngên bae êndhasmu | mêngko aku yèn abudi | mêksa pêksa ambêg krura | si uwa prabu jêr sisip | amêksa wong datan arsa | wil tri atus ting palêncing ||
34. mring Dèwi Trijatha katut | Anoman suka ningali | ulihira Dasamuka | wurung dènnya mêmatèni | miwah tigang atus ditya | kang gêgila sampun mijil ||
25. Mijil
1. angandika Sang Putri Mantili | Trijatha nakingong | aywa pisah sira sadinane | ingsun iki babo yèn tan panggih | lan pangeran mami | Ramawijaya nung ||
2. sun tuturi babo sira nini | jênênging [jênêng...]
--- 204 ---
[...ing] wong wadon | iya laraningsun saking rajèng | satriya Rama buwang kamuktin | kang pinrih mrih luwih | parêk jawata gung ||
3. sira sutaning mardika tuwin | Gunawan kinaot | ya pagene sira wajar bae | Wibisana kasumbagèng bumi | ing rèh kramaniti | Trijatha anuhun ||
4. sun wartani laraningong nini | kinarya lêlakon | pinisahakên dening mangsane | sih-sinihan sinarèng ing Widi | tan tulus karon sih | lunga jiwaningsun ||
5. tan karasèng laraning wanadri | duk maksih karongron | sagon-ênggon ramanirakuwe | Ramawijaya gung sabên ratri | gunêm sastraniti | lawan pandhita gung ||
6. sastra cêtha parikramèng wangsit | utamaning kang wong | dadi nora nana pangêlihe | mêngko iki pinisahkên mami | lan kalulut mami | lêhêng matia wus ||
7. kabèh isine taman puniki | wèh lara maringong | tur pinunjul taman soka kiye | wismamastur rinênggèng [ri...]
--- 205 ---
[...nênggèng] sotya di | prandene wak mami | enak nèng wana gung ||
8. kêmbang-kêmbang kabèh amêpêki | adi kangkêkayon | iya kaya kunjara rasane | barang katon kang karungwèng mami | anyênyêndhal ati | mêmêdhot jêjantung ||
9. sarirèngong sayah dening kingkin | dènnya gêng wirangrong | mati bae ciptaningsun kiye | yèn tan panggih lan pangeran mami | Ramawijaya glis | aywa wèt mangun kung ||
10. Rêtna Trijatha sigra amipis | sagung oyot-oyot | sulur-sulur babakan kelore | winoran candhana dènnya mipis | kinonyohkên aglis | marang sukunipun ||
11. sigra maring gêdhong yun sêmadi | umangkat karongron | kang pininta jroning sêmadine | satriya Rama gène kang pasthi | lan têtêpe linggih | lan rahayunipun ||
12. sigra têdhak RamaDayapati | saundhak malangkrong | ngura-ura Anoman sêdyane | supaya ywa kagèt rajaputri | kang
--- 206 ---
sinawung gêndhing | ing lêlakonipun ||
13. Bathara Rama duk nandhang wingit | mangun gêng wirangrong | kang kinarya jroning sêsêndhone | panganggite RamaDayapati | winongwong jro kawi | agêng têmbangipun ||
14. duk samana durung ana mijil | pangkur miwah sinom | dhandhanggula durma lan kalanthe | gambuh mêgatruh maesa langit | durung ana lair | kabèh têmbang kidung ||
15. panganggite RamaDayapati | sajroning sêsêndhon | têmbang têpi kawuri wiwite | antuk limang pada nuli salin | têmbang sêkarini | pitung pada sampun ||
16. sagung wanara kang pra dipati | utamèng mêmaos | kapi Saraba samya gurune | para wignya ing basa undhagi | dadya samya wasis | wanara gung-agung ||
17. panêmbange Rahadèn Maruti | kang sinawung lakon | mangke pinèt caritane bae | tinrapakên ing têmbang pamijil | pan mangkana ugi | jroning sêndhonipun ||
18. dhuh gustiku Bathara Rama
--- 207 ---
di | anandhang wirangrong | sapisahe kalawan garwane | kusumèng rat putri ing Mantili | bêbaya gêng kingkin | kênèng lara gandrung ||
19. tanpanon rat idhêpe jêng gusti | mèh têmah salahton | dènnya datan karuan icale | ingkang garwa êmbuh ingkang ngambil | yayah gêmpur bumi | muput krodhanipun ||
20. malah sinayut dening kang rayi | sangêting salah ton | apan sampun dèn êmbat langkape | jagad ingkang arsa jinêmparing | pinrih sirna dadi | sakêpêl pinuluk ||
21. Radèn TrunaWidagda nulya glis | nayut rèh kawuron | têmah lêjar kang raka galihe | jêngkar saking ing Dhandhaka wukir | nêdya angulati | sarwi gandrung-gandrung ||
22. anggung karuna samargi-margi | malah netra karo | apulang rah mrêbabang netrane | anggung rêbah ing samargi-margi | tan kobêr lumaris | mangu gandrung-gandrung ||
23. langkung sumpêg dènnya tanpa warti | garwane kang nyolong | pan wus konus [ko...]
--- 208 ---
[...nus] rarasing driyane | amung kantun ngayam-ayam pati | ambelani sori | mênggah gandrung-gandrung ||
24. nulya manggih tilasing ajurit | sumrambah rah abyor | angot malih wong agung krodhane | ingkang rayi anggung anayuti | marma têmah lilih | anggung gandrung-gandrung ||
25. nulya lajêng alêlampah malih | tan adangu anon | ana manuk ngandhuruk agêdhe | suwiwine ilang kang sasisih | sigra dèn parani | sarwi gandrung-gandrung ||
26. krodha pêksi arsa jinêmparing | Janthayu lingnya lon | hèh wong agung sampun salah dalèh | ingsun iki pan ratuning pêksi | Janthayu ran mami | mêngko sun atutur ||
27. ingsun iki mêntas mangun jurit | lan rêksasa katong | Si Rawana prang lan ingsun rame | kang andhustha mring putri Mantili | marma sun labuhi | mati takêr marus ||
28. jêr Sang Prabu Dasarata nguni | iku mitraningong | putri iki pan dadi mantune | wusnya têlas dènira tur warti | Janthayu [Ja...]
--- 209 ---
[...nthayu] ngêmasi | wong agung agandrung ||
29. sarwi angrangkul wangkening pêksi | kaurmat kang layon | iku ana bolonge galihe | dening sampun karuan kang warti | kang ngambil sang putri | yèn rêksasa prabu ||
30. wusnya mênêdi kunarpèng pêksi | lajêng lampahnya lon | wukir Rêksamuka ing jujuge | dènira mrih amêlêng sêmadi | kapati brăngtaring | gandrung amangun kung ||
31. tan adhahar miwah tan aguling | ăngga sawang layon | apêndul rah netrane kalihe | kang kacipta mung putri Mantili | langkung kawlasasih | onêng gandrung-gandrung ||
32. tan lyan saking ing putri Mantili | sajroning wirangrong | kawêlantah kalalu larane | yayah kadya pêjah tanpa kanin | nuli lami-lami | ana wre kang rawuh ||
33. sêdhêng anèng Rêksamuka wukir | byatirèng wirangrong | pinondhongan dening ratuning wre | pinèt sraya tinandhing ajurit | lan wanara Bali | Ramawijaya [Ramawija...]
--- 210 ---
[...ya] wus ||
34. ungguling prang wre Bali ngêmasi | dadya wre sang katong | Prabu Sugriwa kêna jangjine | yèn matia satrune angabdi | lan sawadyanèki | kèh punggawanipun ||
35. bala wanara datanpa wilis | kadya samodra rob | kaèbêkan sawulan papane | akèh punggawa prawira sêkti | ampuhing ajurit | gêgala gul-agul ||
36. wus angratu Sugriwa Narpati | risang prawira nom | Maliawan ing mangkya ênggone | akêkirab wus umadêg baris | kang bala wre kadi | prahara gumuruh ||
37. sèwu yuta-yuta ping sakêthi | sawurda kirna rob | datan kêna winilis cacahe | pira-pira papan angêbêki | bala wre samya mrih | aglisa prang pupuh ||
38. dènnya sangêt awlas maring gusti | gêngirèng wirangrong | onêngira marang ing garwane | nanging krigan bala wre kang maksih | gili rina wêngi | atimbun kang rawuh ||
39. Prabu Sugriwa sapati urip | ing prang
--- 211 ---
nêdya popor | pan inganggêp bathara pasthine | Risang Ramawijaya pinundhing | arsa mangun jurit | rumabasèng satru ||
40. ing Ngalêngka pinukul ngajurit | pinrih arêrêmpon | nanging lagya ngêntosi dutane | kang ingutus mring Ngalêngka nagri | manggihi sang putri | wre sutapa pingul ||
41. titi Radèn RamaDayapati | dènira sêsêndhon | apan arum arênyah swarane | kadya rinding-rinding sêgalaning | Pringgêndani Ngindi | sumrawang anguwung ||
42. samya kagèt sagung cèthining wil | gumrubyug nênonton | ika apa mangkana rupane | mangkruk-mangkruk anèng pang aputih | swarane amanis | buron apa iku ||
43. ing Ngalêngka durung sun ningali | buron kang mêngkono | nganggo jamang buntute anglawèr | akêkace sutra nganan ngèri | ewuh sun arani | apa iku munyuk ||
44. yèn munyuka munyuk ing wanadri | nora nganggo-anggo | ngenak-enak si jênat polahe |
--- 212 ---
mara-mara sêsêndhona malih | lagi tumon iki | ana kêthèk ngidung ||
45. wau rajaputri duk miyarsi | luhira drês miyos | kapiyarsa solahe kakunge | nanging graitane sănggarunggi | anarka yènsandi | baya akalipun ||
46. Si Dasamuka mêmalih warni | mrih lêjar tyas ingong | iya liwat dorasêngarane | ngêndi dalane prapta ing ngriki | yaiku sayêkti | Si Dasamuka dur ||
47. dangu pangunadika sang putri | Anoman sigranjog | pan anjongok ing ngarsa gêdhonge | dènnya badhe sêmadi sang putri | myang Trijatha Dèwi | mulat sru gumuyu ||
48. buron apa kang mangkene iki | rupane mangkono | dene mêmplak tur dawa buntute | putri Mantili ngandikèng galih | asêmbawa iki | ngakua ingutus ||
49. sêdhêng ingsun cinidra ing nguni | mring Rahwana Katong | angliwati ing sagara gêdhe | liyan garudha kalawan angin | mung iku kang prapti |
--- 213 ---
mung wêtaraningsun ||
50. miwah alase kagiri-giri | jurang-jurang sigrong | pirabara bisaa marene | nora duga yèn duta mring mami | dadya wuwuh sêdhih | pêtênging tyas ingsun ||
51. sigra mangsah Radèn Dayapati | majêng awotsinom | hèh gustiku sampun salah dalèh | pan kawula punika sayêkti | duta saking gusti | kang anggung mangun kung ||
52. tansah onêng ing paduka gusti | gène sang wiranom | Maliawan siniwèng bala wre | tan petungan kèh prawira sêkti | Rêksamuka wukir | Malyawan kang kidul ||
53. saking Maendra lèripun kêdhik | Malyawan makuwon | pan kèbêkan dene kang bala wre | măngka mitranipun raka dèwi | ratuning wre sêkti | sugih punggawa gung ||
54. Sang Narendra Sugriwa linuwih | ulun kang kinongkon | amariksa paduka maksihe | nuli gusti Ramawijayèki | sung pratandhèng mami | pan sêsupenipun ||
--- 214 ---
55. sêsotya di kang munggèng jêjênthik | mênèk pinaido | lah punika ta gusti warnine | saking raka paduka kang singsim | Sang Putri Mantili | tumingal kumêpyur ||
56. kadya runtuh tyase tibèng siti | duk wau tumonton | dene yêktine ingkang sêsupe | tinanggapan luhira drês mijil | pinasang dariji | manis ênggènipun ||
57. pinasanga samining jêjênthik | yêkti sangêt logro | nèng dariji manis parandene | maksih logro Anoman ningali | langkung wlasing gusti | dènnya sangêt kuru ||
58. dene sampun ngawruhi pribadi | ing rèh sang lir sinom | duk pinaran ing Dasamukane | nora keguh gêng trêsna ing laki | dèn pilaur mati | sayêkti pinunjul ||
59. nora larang rinêbut ing jurit | rinewang rêrêmpon | lamun putri abobot antêpe | nêmbah matur RamaDayapati | lêbêt kula gusti | inggih wau dalu ||
--- [0] ---
[Grafik]
R. Anoman. Dèwi Sinta. Dèwi Trijatha. Para pawongan.
--- 215 ---
60. pan sadalu kawula sak-asik | sajroning kadhaton | angupados paduka nak anggèr | datan wontên salêbêting puri | mung kathah pawèstri | pirang-pirang èwu ||
61. kang kinăntha-kăntha widadari | samya yu nom-anom | ditya kêmit jibêk sagèn-gène | ulun sayah rèh rintên mariki | mung anêdya ngungsi | mangke dalu wangsul ||
62. tan andipe yèn gusti nèng ngriki | dene kiwa adoh | nuju ulun mêningi praptane | Dasamuka kasmaran mrih rêsmi | yèn puruna gusti | angladosi lulut ||
63. yêkti wangsul kawula sing ngriki | lampah datan tuk don | tuwas sayah lampah tanpagawe | sarêng paduka lumuh sayêkti | tan angeman pati | lampah kawulantuk ||
64. yêkti sida wong agung ngadoni | prang rame rêrêmpon | Dasamuka duk ngunus tuwêke | mèh sakêdhik badhe kula jlogi | mrih umangsah jurit | popor takêr marus ||
65. emut [emu...]
--- 216 ---
[...t] ingutus dhatêng ing gusti | amurung lêlakon | parandene yèn èstua tyase | mêmatèni dhatêng ing jêng gusti | tan wande kula glis | nubruk saking pungkur ||
26. Pangkur
1. kawula datan sarănta | mulat Dasamuka ing tyas anggêni | dene karya lara gandrung | dhatêng gusti kawula | mila têmah kapirangu gandrung-gandrung | panggawene Si Rawana | andhustha ring rajaputri ||
2. tan sagêd kawula miyat | ing sangête onêngira jêng gusti | saparane gandrung-gandrung | kuru ingkang sarira | tan adhahar pijêr gandrung kapirangu | Anoman dènira ngucap | ngisis siyung gigit lathi ||
3. gusti dèrèng siram-siram | kang sinandhang amung kuliting èsthi | jroning gandrung kapirangu | wong agung punaginya | besuk nyandhang jêjarit yèn mari gandrung | apan ubayaning driya | yèn panggih putri Mantili ||
4. lir sasăngka kawadaka | ing baskara risake kangjêng [kang...]
--- 217 ---
[...jêng] gusti | dènnya sangêt among gandrung | dalu pantara siyang | tan amêndha kapirangu gandrung-gandrung | Si Dasamuka kaliwat | karya jurit tyasing gusti ||
5. sang rêtna duk amiyarsa | ing ature wau Radèn Maruti | cumlêkit barêbêl kang luh | sumaput tingalira | tyase kadi rinarêmêt ajur mumur | kasok rantasing wardaya | dening wlasira miyarsi ||
6. rayi paduka Lêksmana | langkung ngajêng-ajêng dadosing jurit | age têmpuha lan satru | Si Rawana durjana | bala wre sadaya sami ngayun-ayun | aglise pitêmpuh ing prang | anggêmpura ing ajurit ||
7. dènnya kamiwêlas mulat | ing gêrahe jêng gusti angranuhi | gêng asmara gandrung-gandrung | mung paduka kacipta | tanpa sare kapirangu gandrung-gandrung | padma kesisan salaga | sinangsayèng jalanidi ||
8. mila mangkya tur kawula | sampun-sampun datanpa trêsnèng urip | rêksanên yuswa pukulun [puku...]
--- 218 ---
[...lun] | aran sampun kantênan | lamun raka paduka sami rahayu | tan wande nagri Ngalêngka | ing têmah samodra gêtih ||
9. grêgêting bala wanara | pra dipati nêdya ngêbyuki pati | arok bănda takêr marus | lawan Rawana dhustha | saha bala kang sakêthi yuta langkung | sawurda sakirna yuta | mrih pati ngarsaning gusti ||
10. mila ing cipta kawula | datan wande Rawana nyaur pati | dene agung dosanipun | nyidra paduka rêtna | sigra putri Mantili ngandika arum | hèh Anoman tuhu sira | duta di wirutama di ||
11. tama kartining sampeka | ingsun liwat suka mirsa sirèki | kabèh-kabèh ta wartamu | usada mêndha brăngta | lah ta ênya iki aturna gustimu | cundhamanik kancing rema | pratăndha yèn saking mami ||
12. lawan surat ingsun turna | cihnaningong munang-ngunanggung brangti | dene cundhamanik iku | sasat ingsun manêmbah | lan turana gustimu aywa [a...]
--- 219 ---
[...ywa] gung wuyung | suka anadhah-nadhaha | lan sagung bala prajurit ||
13. sêrat sampun tinampenan | wus binêkta kalawan cundhamanik | Anoman pamit wotsantun | mêsat saking ngarsanya | Dèwi Sinta Anoman suka kalangkung | dènira wus panggih lawan | kusuma putri Mantili ||
14. amrih utamaning lampah | amrih ojat nêpsune dèn turuti | nêdya karya prang pêpucuk | malumpat ing kêkaywan | ngobrak-abrik sinêmpal-sêmpal kang kayu | witnya jinêjêg rug rêbah | kêmbangan dèn orak-arik ||
15. sêmpal papal kaparapal | kêmbang-kêmbang lir udan tibèng siti | malêdug mawur katawur | sumyur ambyar sumêbar | pêtêng dhêdhêt sumêmbur lir udan lesus | pamombak-mumbuk balasah | Anoman krodha mawêrdi ||
16. gêmpur taman argasoka | Sang Anoman mêre anggêgirisi | buta kang tunggu lumayu | kagyat katrajang kidang | abusêkan manuk-manuk kèbêr kabur |
--- 220 ---
burone mawur sar-saran | dityane praptèg jro puri ||
17. ing ngarsanira Rawana | ditya matur pukulun narapati | taman soka risak gêmpur | wontên palwaga pêthak | rumabasèng sakathahing kayu-kayu | kêmbang-kêmbang kang rinusak | ginêmpur dèn obrak-abrik ||
18. langkung wêgig kang wanara | mawa bajra mulêk ing tamansari | mila rug rêbah barubuh | dening palwaga pêthak | Dasamuka bramantyanirakalangkung | angatag prajuritira | sakapraboning ajurit ||
19. taman soka na wanara | patènana siji angrêrusuhi | mangkat buta satus èwu | gumêrah ting jalemprak | singanabda ambêkta parasu limpung | macakra kunta badhama | rumêbut palwaga putih ||
20. gumuruh suraking ditya | kadi gora prahara angêbêki | Anoman upaminipun | kang jaladri sudira | kinarubut ginusah ngalor angidul | tinarka buron kewala [ke...]
--- 221 ---
[...wala] | tan wruh yèn ambêbayani ||
21. Anoman malumpat sigra | anyêmpal pang sinawatakên aglis | ditya kang samya ngarubut | mêmalu limpung kunta | amarasu pinapag sawat kawangsul | ditya kang kênèng sêsawat | kèh kêna bau manguwir ||
22. ana kang kayu candhana | gêngnya sakol panjang lurusagilig | dinaut kinarya palu | ditya kèh mati timpal | kèh karingkêl danawa gung rêmpakrêmpu | kang pêcah sirahnya parah | mêngpak lor wetan nangkêbi ||
23. ditya kèh pinala rêbah | anggêlasah kang kidul angêbyuki | pinalu kèh kapalupuh | kêna baune sêmpal | Sang Anoman sangsaya krura mangiwut | angiwa nêngên mêmêjah | amêre malumpat ngêrik ||
24. kang kilèn amangsah panggah | ditya diyu ngarubut angêbyuki | mangsah marasu malimpung | wangsul datan katampan | Sang Anoman malu ring wil akèh rêmuk | galimpang
--- 222 ---
pêjah kaparah | kèh malopor utêk mili ||
25. miwah rêmêg iga gograg | kèh rumangkang pukang manguwir-uwir | kasampar limpar kasurung | ana wêtêngnya dhupak | jaja suwak ngowak-owak buta kawuk | tan kawawa kèh kaplajar | kapapas pating karêmpis ||
26. ana rêksasa duk prapta | awahana rata kalawan èsthi | wil wira parêdènyanduk | gumrah masinganabda | angarubut Anoman miyat saya sru | butêng krura liwung mangkrak | wuwuh dawa gêng ngajrihi ||
27. malumpat mring katimaha | ditya samya ngamah-amah ngêbyuki | amalu-malu malimpung | ana ditya prawira | sigra bandhêm sakêbo gênging kang watu | tibèng jaja Sang Anoman | gumadhug datan ngundhili ||
28. datan karasèng Anoman | glis ngêjlogi pinalu êndhasnèki | karingkêl mati kapalu | balasah ting salayah | sêrati lan kusir pan sami lumayu | sapatine tuwanira | ana kang sami pêpulih ||
--- 223 ---
29. rêksasa nitih turăngga | anglêpasi sanjata tan ngundhili | dèn jlogi tinampyal lampus | ana ingkang dinugang | anggêlasah kang kiwul-kiwul kêwangsul | gajah rêbah gadhing pokah | kumba pêcah koncah-kancih ||
30. mobat-mabit Sang Anoman | tangan suku tan kewran mêmatèni | myang ikunira[2] anêkuk | nêkêk anyêndhal dhadhal | giris mulat karine mati lumayu | pating galêsar sar-saran | ana matur ing sang aji ||
31. kang marêk praptèng ngayunan | matur nêmbah dhuh gusti sang narpati | wadyanta danawa diyu | rêksasa gung palastra | gêmpur ingkang kari mawur kawur-kawur | tan măngga-măngga puliha | amungsuh palwaga putih ||
32. Rawana langkung bramantya | sigra ngatag ditya kang sura sêkti | kang tate aprang apagut | tunggul pikukuhing prang | parêng tandang ditya gung mangkat gumuruh | sangkêp sakapraboning prang | kadya trunaning udadi ||
33. akên kang gêlap goraya | bala yaksa [ya...]
--- 224 ---
[...ksa] praptèng taman soka glis | mangsah kang wil prawira nung | luhur kadya prabata | singa nabda tumamèng rok wetan kidul | lor kulon parêngmangrêmpak | gambira Sang Dayapati ||
34. sumahab parêng badhama | kang marasu malimpung gandhi piling | tan kewran panêmpuhipun | Radèn Bayutênaya | pinutêr kang saêtal wrêksakadaut | mangsah mêmalandang ditya | kang kêna kèh angêmasi ||
35. danawa saya gung prapta | mangabèhi nir baya ing ajurit | kèh sêmpal baune rampung | rampas janggane pagas | samya kêkês gumêtêr kênyaning diyu | de bangkesusun matumpa | rumaras putri Mantili ||
36. manawa Anoman pêjah | samya inêb gêdhong kang danawèstri | ditya kang agung kabujung | giris samya sasaran | kang kacandhak wurahan gêrêng angadhuh | katur mring Sang Dasamuka | wre sêkti konduring jurit ||
27. Durma
1. sirna larut danawa samya sasaran | ingkang kacandhak kanin [kani...]
--- 225 ---
[...n] | rahnya bang balabar | Anoman dangu ngantya | mungsuhe tan ana prapti | sigra rinusak | isining tamansari ||
2. sirna gêmpang sakarine kang wus rêbah | jêmbangan dèn sepaki | kêmbang-kêmbang lumrang | tibèng rahnya danawa | kadya rêramêsan gêtih | wau rêksasa | kang lumajêng mring puri ||
3. praptèng ngarsa matur mring raksasa dipa | yèn ditya tumpês tapis | kang kari sasaran | duka Prabu Rawana | putranira kang tinuding | anjênêngana | ditya kang mangsah jurit ||
4. Radèn Saksa mangsah lan ditya prawira | ingkang wadana mantri | wil tanpa wilangan | gumrah umung gurnita | ru-ara Ngalêngka puri | gurnang gong gubar | mawor lawan ditya ngrik ||
5. praptèng taman lampahira Rajaputra | Saksa lan sawadyèki | lajêng mênthang laras | Saksadewa sêsumbar | o tuwa buru ko mati | sigra lumêpas | sanjatarda căndra glis ||
6. tibèng jajanira suh pupug [pupu...]
--- 226 ---
[...g] căndrasa | Anoman têdhak aglis | daut panggung nulya | Saksa pinalu pêcah | sirahnya sampun ngêmasi | balane bubar | wiwrin kagum anggêndring ||
7. kang kacandhak rêksasa kèh kasulayah | sira Sang Dayapati | lajêng mring sagaran | silulup dènnya siram | sayah danguning ajurit | wusnya rahadyan | wangsul mring taman malih ||
8. krura gusisakên saisining taman | parijatha wus ênting | têmah ara-ara | jro taman argasoka | wau Sang Dasamuka Ji | miyarsa sira | putra Saksa ngêmasi ||
9. tan rêkasa tandange wanara seta | mêjahi ing putra ji | bramantya yaksendra | sigra nimbali putra | kyating ngrat Radèn Indrajit | prapta sabala | miwah kaprabon jurit ||
10. praptèng ngarsaning rama Sri Dasamuka | he pagutên dèn aglis | monyèt asêmbawa | ngrabasèng taman soka | ditya wus akèh kang mati | arimu Saksa | mati tan angundhili ||
--- 227 ---
11. wusnya matag risang rajaputra tama | nêmbah Radèn Indrajit | budhal saha bala | mring taman argasoka | wuwusên Radèn Maruti | kang anèng taman | pojok kilèn dèn goni ||
12. ya ta wau putri Mantilidirêja | langkung anahên wingit | ngêning sêmadinya | mêminta jroning puja | rahayua ing ajurit | dutaning raka | dene prang dudu tandhing ||
13. wre sawiji mungsuh ditya sanagara | Trijatha ngintip-intip | prapta atur sêmbah | ibu botên kajamak | polahing prang pun Maruti | awake mundhak | wontên sawukir siwi ||
14. pira-pira danawa gêmpur rinampas | kadya ngrêrawuk pakis | ewon kang palastra | kadya jêjêg sêmăngka | dhupak êndhasing rasêksi | datanpa sesa | kumêproh ajur sami ||
15. kadya banting timun kang danawa rucah | nênggih kang barêbêgi | apan dededitya | ingkang adarbe swara | swaranira pun Maruti | ngêbêki jagad [ja...]
--- 228 ---
[...gad] | sêsumbaring ajurit ||
16. dene wau duk anèng ngarsane uwa | cilik amênthik-mênthik | mêngko malih warna | kaya gunung anakan | mung putihe ingkang maksih | kunêng winarna | wau Sang Dayapati ||
17. datan kèndêl ngobrak-abrik kang wangunan | panyiptanirèng galih | darapon sangêta | krodhane Dasamuka | marang ing taman pribadi | ngadoni bănda- | yuda kalawan mami ||
18. kapocoka murdane Si Dasamuka | kacangkinga ring mami | nuli ingsun gawa | gustiku Dèwi Sinta | mendah si trusthaning galih | gustiku Rama- | wijaya mari agring ||
19. tan antara balanira rajaputra | panganjuring prang prapti | ngêmput taman soka | Indrajit munggèng rata | balane makêthi-kêthi | mayuta-yuta | gumuruh mangabèi ||
20. tan petungan kadya trunaning samudra | balanira Indrajit | umung kalasăngka | dwaja trang kala-kala | ibêkan ing tamansari | swaraning [swara...]
--- 229 ---
[...ning] ditya | prawiranya Indrajit ||
21. Sang Indrajit mangawe bala kèn piyak | mangsah ratanira glis | Anoman tumingal | praptane Meganănda | Anoman mapag marani | asru sêsumbar | ngawe marang Indrajit ||
22. lah dèn enggal hèh dik kala dama dhustha | gêlah-gêlahing bumi | rêbutên ing aprang | iki Si Bayuputra | Ramawijaya sinêkti | kang duwe duta | ngadoni jayèng jurit ||
23. eling-eling kêthuhe nagri Ngalêngka | gustimu gawe brangti | marang ratuningwang | lah iya rasakêna | ingsun amalês sathithik | wong gawe susah | sun malês ing prihatin ||
24. sun balengkrah sun gêmpur pura Ngalêngka | sun gawe karang api | yèn ora nêmbaha | sira mring ratuningwang | Indrajit mênthang sira glis | gandhewa dibya | lumêpas kang jêmparing ||
25. parêng lawan bala punggawa mêmanah | krura kang ditya mantri | Anoman sudira | asrêng gambira sura | lir jawah punang jêmparing [jêmpa...]
--- 230 ---
[...ring] | naraca bala | krêp tibèng Sang Maruti ||
26. tanpangêne tibane maring Anoman | sagung ingkang jêmparing | suh rêmuk nèng angga- | nira Sang Bayusuta | lir udan tibèng selardi | kalis kewala | tan ana miyatani ||
27. samya krodha Indrajit punggawanira | kang kadya bagaspati | asrang parêng mangsah | ngêmbuli Bayuputra | tan kewran sira Maruti | tumpês ing ngarsa | mangsah-mangsah kabalik ||
28. kadya sarpa sardula darpa mamăngsa | tandange Sang Maruti | naut wuri ngarsa | kanan kering galasah | mangiwung butênging jurit | kagila-gila | yayah manggêmpur bumi ||
29. Bayuputra sudira dibyèng alaga | malih pandautnya glis | pinandukkên ditya | sêdhih bala rêksasa | amupuh nora pakolih | pinupuh kêna | dhas pêcah bau sêbit ||
30. ana ingkang bala ditya sagolongan | èwu makêthi-kêthi | samya angambara | umangsah saking wiyat | Anoman [A...]
--- 231 ---
[...noman] mirsa tumuli | ditya kang ngandhap | ingamuk kèh ngêmasi ||
31. ting balêsar nulya ditya kang ngêmbara | nututi mêdhun sami | Anoman umêsat | acukat kadi kilat | rikat kêsit kadi thathit | danawa sayah | gêmbelo bola-bali ||
32. wil tumênga winuwung ing palu papal | kang kêna kèh ngêmasi | ngrampêt parijatha | pinupuhakên sigra | ting galêmbor buta kanin | anggêro rêbah | pinurug ngrandhu gêndring ||
33. kèh palastra Indrajit punggawanira | ditya lit sirna gusis | kawus masasaran | sakarine kang pêjah | kang ngayap Radèn Indrajit | tumpês sadaya | butane magêrsari ||
34. muntab krodha butêng Arya Meganănda | mangsah ratanya gumrit | amênthang langkapnya | lumêpas kang trisula | Anoman datan gumingsir | tiniban panah | pupug tan angênèni ||
35. sigra Radèn RamaDayapati mangsah | ratanira Indrajit | pangiride singa |
--- 232 ---
yaksa nubruk Anoman | malumpat sarwi nglumpati | pangirid rata | tinuwêk kanaka glis ||
36. pêjah pangiriding rata Singayaksa | Indrajit duk ningali | langkung kagawokan | iku ing saban-saban | tate patèni prajurit | kèh satru sirna | ing mangke angêmasi ||
37. tanpa sesa cinawuk ing Bayusuta | sigra amundhut malih | pangirit kuwasa | ditya bantu kèh prapta | wil prawira ingkang prapti | andêl Ngalêngka | bupati surasêkti ||
38. sigra pasang rakit gêlare sakatha | byuhanira wus dadi | prajurit prawira | rêksasa munggèng ngarsa | gumuruh parêng ngêmbuli | sangkêping gêlar | anggro mangrêbut aglis ||
39. Rajaputra Indrajit mênthang langkapnya | sanjata kang linuwih | kang anggêmpur dewa | duk aprang nèng sawarga | Endra katiban kapilis | mangkya kinarya | nanjata ring Maruti ||
40. kêna pupunira têrus kang sanjata | tumancêp tan tinarik | jêmparing [jêmpa...]
--- [0] ---
[Grafik]
R. Indrajitpêrang R. Anoman.
--- 233 ---
[...ring] tumanggah | kinèndêlkên kewala | sigra Indrajit nusuli | sanjata naga | anggubêt ing Maruti ||
41. ula satal gêngira panjange muwah | bêbêt badanirèki | anggapit sadaya | ngringkus lan baunira | Anoman aniba ririh | ana pamrihnya | mila tan krura malih ||
42. arêp amrih parêka sapocapana | lawan sang wil narpati | wau satibanya | gumrah bala rêksasa | ting jalemprak anyêkêli | gumrah kang surak | umung manêngkêr langit ||
43. sêsêk jêjêl angrubung Sang Bayuputra | ana kang mrêp mapiling | samya ngamah-amah | tutug sapolah-polah | Anoman tan ngrasa sakit | pinalu miwah | dinugang dèn bithèni ||
44. kadya wêsi Anoman pinupuh timah | tan obah datan osik | hèh si wra candhala | matèni kèhing ditya | polahmu kuthila wêgig | dutane Rama- | wijaya ngênom-nomi ||
28. Sinom
1. tinonton ingujar-ujar |
--- 234 ---
abêngis ngiling-ilingi | iki dutaneRêgawa | tapa-tapa ing wanadri | tan tulus dènnyatèki | wiku-wikuning antêlu | lah payo ta sinudhat | inginum gêtihe nuli | apan akèh sabawane kang rêksasa ||
2. angling Arya Meganănda | hèh rêksasa dèn aririh | apa gunanta gêgila | măngsa luputa puniki | patine si wre pasthi | nanging antinên ta lamun | praptèng ngarsa narendra | kawruhana pra dipati | ingkang samya prawira angawruhana ||
3. dyan ingusung Sang Anoman | binêkta mring păncaniti | binêktèng mêdal ngawiyat | wau pasewakan aji | jêjêl kang pra dipati | sagêgamaning prang pupuh | Sang Arya Wibisana | Prahastha Rêkyana Patih | mila prapta ing jro taman ana karya ||
4. tan dangu antaranira | praptane Radèn Indrajit | ing ngarsanira kang rama | umatur saha wotsari | punika sri bupati | wre kang ngrusak taru-taru | ing taman [tama...]
--- 235 ---
[...n] soka sirna | kêmbang-kêmbang dèn uruti | sru ngandika Sri Mahaprabu Ngalêngka ||
5. hèh wre apa sêdyanira | rumabasèng tamansari | liwat saking doracara | mêngko sira sun patèni | wau Sang Arya Wibi- | sana awlas duk andulu | Sang Anoman binănda | matur ing raka narpati | duh dewaji lampahna èstuning praja ||
6. nistha gêng mêjahi duta | sanadyan kuthila wêgig | yèn duta tan dadi pêjah | kang pasthi manggih pisalin | sarta ganjaran malih | kang wus têtela ing dangu | lampahe raja-raja | matur sarwi mrêbês mili | siranoman wruh solahe Wibisana ||
7. angalêm sajroning driya | wong iku atine bêcik | sugal Prabu Dasamuka | pagene mênging matèni | wadya wil akèh mati | lawan kapindhone iku | lami ngong madêg nata | ing jagad tan ana wani | si mêngkonok wani ngrusak taman ingwang ||
8. lawan duk lagine prapta | si munyuk anggawa angin [a...]
--- 236 ---
[...ngin] | lêbur kabèh kêmbang-kêmbang | ya pagene wani-wani | nêrak kaprabon mami | gêmpal kaprawiraningsun | ya ngapa tan matia | iku pantês dèn jêjuwing | sawusnya ngling Sang Aprabu Dasamuka ||
9. sira Anoman gya mojar | tan ana tinaha bêngis | saengga ambêg sêsumbar | hèh Dasamuka Narpati | maring wre duta kêni | binănda anggung sinêndhu | tan darbe kuma-kuma | lah mara pêdhotên nuli | guluningsun yèn kudu mêmati sira ||
10. yèn ratu tuhu jayèng prang | amarêk sakaning bumi | măngsa na kang kaya sira | kudu-kudu mêmatèni | angaku jayèng jurit | sayêkti dora tingkahmu | dhustha bae ring jagad | rêtnèstri wisesèng aji | yèn lungguhe yèn mungsuhe kasor ing prang ||
11. èstrine minăngka tawan | dunyane jarahan pasthi | mangkono ratu wisesa | kang sinêbut jayèng jurit | narpatiku wre sêkti | Sugriwa angungsi mrêdu | Risang Ramawijaya | santa budyambêkira ring | marma [mar...]
--- 237 ---
[...ma] mitra dadi sapati sagêsang ||
12. Sugriwa Rama wong liya | dadya cap sabaya pati | sawabe Ramawijaya | sru dibya rumêksèng bumi | karo gêng duka kingkin | prandene mêksih rahayu | mêtu dalan utama | wong agung karo wirasti | Sang Narpati Sugriwa Ramawijaya ||
13. sêktine tanpae lawan | sajêmbaring jalanidhi | bakuh ing tyas mindha rêtna | têtela ayuning bumi | yèn ing wong agung kalih | lêstari măngka pikukuh | ring rat para mudita | sasat sampêting pakarti | tan na kewuh kadya prabata Malyawan ||
14. karsa kang maring kalokan | kanisthan têtêp tan pinrih | arga rêtnane tan ketang | mung amèt utama sami | têtêp mitra sapati | saurip sabaya kewuh | karone wus prayoga | miwah ari sang winardi | sadu budya sira taruna Lêksmana ||
15. marmane sagung wanara | prawira kabèh samya sih | anglabuhi sida karya | sumungkêm [su...]
--- 238 ---
[...mungkêm] ing pati urip | kèh pakolihe sami | labête pamitra tuhu | hèh Dasamuka Raja | yèn sira nêdya basuki | aywa agung krodha duwea bisanta ||
16. nêmbaha mring gustiningwang | aturna putri Mantili | lan sakèhe dunyanira | kang rêtna kang pèni-pèni | sayêkti nêmu bêcik | suka tyase gustiningsun | Risang Ramawijaya | narpatining rat sayêkti | widigdaya purosèng rat parikrama ||
17. saèstu tanpa padhèngrat | jayèng satru sura sêkti | ana panahe sajuga | mêtyu padhanirèng bumi | yèn pinanahkên juti | doracara dhustha gêmpur | mulane Si Wirodha | Karadusana ngêmasi | Si Marica Dirgabau kabèh sirna ||
18. Tathakakya jiwa lunga | miwah Sri Wanara Bali | sirnaning panah sajuga | yèn ing murka sirna ênting | yèn mulya nora pinrih | iku panahe gustiku | kang raharja rinêksa | sru darma rumêksèng bumi | sawusnya ngling sira [si...]
--- 239 ---
[...ra] Sang Bayutênaya ||
19. Dasamuka sru bramantya | jaja bang mawinga wêngis | muka bang gurnitèng swara | hèh hèh dhik wanara jisjis | pêksa anglêluwihi | piyangkuhmu mudha punggung | duta tan parikrama | nistha dama ambêg julig | lah ta êndi ngaku nut duta utama ||
20. yèn komrih duta utama | tanpa polah tanpatya ngling | lah iku amangap-mangap | cariwis angisin-isin | matane mondar-mandir | macicil krodhambêg pagut | lah iya kêthèk apa | têka tan pantis nèng urip | mung sêktine gustine bae ingucap ||
21. lan parikramaning jagad | apa wong Ngalêngka iki | kokarya busuk sadaya | gustimu kang sira puji | panahe amatèni | Si Wirodhabuta kumprung | miwah Karadusana | godhogan tan duwe sêkti | Si Marica buta desa tanpa ngrasa ||
22. matèni buta urakan | prandene ta sira puji | paramarta pagenea | wil tan dosa dèn patèni | liwat [liwa...]
--- 240 ---
[...t] tan wruh ing bêcik | mati-mati sakèh diyu | tapa-tapa durcara | ru-ara bae kang pinrih | pantês kang wre angalêm wong maskinambang ||
1 | ring. (kembali) |
2 | sikunira. (kembali) |