Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 19)

Judul
Sambungan
1. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
2. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
3. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
4. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
5. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
6. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
7. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
8. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
9. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
10. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
11. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
12. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
13. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
14. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
15. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
16. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
17. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
18. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
19. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
20. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
21. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
Citra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1259r

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 19.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 19 : 3 ---

180. Dhandhanggula[1]

121. Pangeran Bintara lan Pangeran Purubaya asrah tobat. Kangjêng Sunan lan Kangjêng Sultan botên karsa tampi.

1. praptanirèng Samarang narêngi | prapta surate sultan tinampan | tinupiksa prakarane | Pangeran Purbayèku | ing praptane tur pati urip | tobat malih-maliha | sultan karsanipun | dêlèr ingkang anyumpaha | pamundhute nênggih kang kalih prakawis | kang rumiyin wani prang ||

2. kang kapindho iya aja jail | karyane sok ngadoni prakara | nora enjuh aprang dhewe | amung bêbawur laku | mila Pangran Mangkunagari | wani marang kang rama | iku kang bêbangus | parandene nora tanak | mila Mangkunagara tan bêtah sami | arsa bali mring sultan ||

3. liwat nistha sor-asoring pikir | dudu pikir taliti Mataram | nora nimpêni wirange | padha lan wong panajung | wong panglawe arang nglakoni | pikir ngura wêwirang | dêlèr sawusipun | maos srat asru gujêngnya | dadya wau karya surat amangsuli | marang ing kangjêng sultan ||

4. surat kalih dene kang satunggil | katur marang Prabu Surakarta | wus mêsat surat kalihe | sami ngêngalihipun |

--- 19 : 4 ---

ingkang dhatêng Sultan Giyanti | ngangge Pangran Madura | miwah ingkang katur | ing sang Prabu Surakarta | inggih sami ngangge Pangran Madurèki | kalihe sami prapta ||

5. ingkang dhatêng sultan sampun prapti | ing Drêsana pan sampun tinampan | tinupiksa srat têmbunge | wusnya ing tabenipun | Tuwan Idlèr Nikolas Harting | kula inggih tur priksa | ing paduka prabu | duk kula nèng Surabaya | inggih wontên surat panungkul kang prapti | saking Pangran Bintara ||

6. pulmakipun Brikton ananglêdi | kathah sumpahe Pangran Bintara | mila kula ing samangke | sumangga ing sang prabu | lamun sultan karsa nampèni | kang rayi kalih pisan | inggih langkung sukur | Kumpêni sami matara | tuwan sultan kinintên tan purun tampi | mring kang rayi kalihnya ||

7. dene katog sami licik-licik | botên tanggên inggih nadyan kadang | pikiripun boncah-bancèh | kadi pikiring jagul | pan makatên kawula inggih | tan kêni wangênana | adating sadulur | wus titi tamat kang sêrat | ingkang saking Madura tinupiksa glis | bêbuka atur sêmbah ||

8. rayi dalêm inggih pun dipati | ing Maduntên inggih kaatura | dhatêng ingkang raka mangke | Jêng Sultan ing Matarum | ingkang senapati ngajurit | musakani paprangan | sumbagya dibyanung | jêng kakang mas paring surat | inggih sampun dhatêng kawula tampèni | sampun kula tupiksa ||

9. ing sadhawuh-dhawuh paduka ji | jroning surat tuwan paring gêmak | pan inggih nênêm cacahe [ca...]

--- 19 : 5 ---

[...cahe] | kalih pangajêngipun | namanipun wêlang satunggil | dene ingkang satunggal | anama pun balut | taksih badhe kang sakawan | kang punika sêmbah sungkêm kang sayêkti | langkung panuwun kula ||

10. sampun kathah tuwan paring pêksi | inggih saking panuwun kawula | tan wontên mirid pênêde | mung punika pukulun | amunjuli pêksi sabumi | ratu-ratuning gêmak | sanusa Jawèku | èstua sawab paduka | kula kudang yèn ngabên êtoh nagari | kaping kalih paduka ||

11. kangmas prabu amundhut prajurit | brajapati lan pun brajayuda | tuwan botên ngarsakake | kang sampun kalih èwu | tuwan tampik amundhut malih | kang sami tuwan têdah | barise atugur | nèng tanah măncanagara | tuwan mundhut barise ingkang nindhihi | kulit daging kawula ||

12. kang punika kawula ngaturi | prajurit agêm kawula usar | kwanatus karbin sikêpe | dene pangiridipun | sami putra tuwan pribadi | anakipun pun kakang | dene namanipun | Radèn Panji Kartayuda | kang nêmatus prajurit pilihan sami | asikêp waos bênang ||

13. tindhih Radèn Panji Kartasari | sèwu punika sami santana | lêlurahe bêbêkêle | angsahna kawan èwu | kadi botên kumêdhèp sami | tumpês ngarsa paduka | yêkti kangmas prabu | dene kang sèwu punika | wong prang kasap mantri ngajêng kang nindhihi | pun Têgal Alap-alap ||

14. lan pun Alas [A...]

--- 19 : 6 ---

[...las] Angun-angun nênggih | kula turkên pêjahe ing karya | ingkang abdi sadayane | yèn tiwasa prangipun | măngsa wontên puruna mulih | dhatêng nagri Madura | pasthi kula lampus | lan kula kintun sanjata | kalih dasa alus-alus sami karbin | titi tamat kang sêrat ||

15. langkung suka Jêng Sultan miyarsi | miyarsa surat saking Madura | panêmbahan kèh saguhe | prajurit kalih èwu | sami kulit dagingirèki | dene tindhihing aprang | pêpulunanipun | anênggih kêkalih sanak | ingkang tuwa Radèn Panji Kartasari | nèm Panji Kartayuda ||

16. punika badhe kang anggiliri | Madura kang baris ing Tapêlan | Mas Dêmang Brajayudane | ingkang tinundhung mantuk | kunêng ingkang ganti winarni | surat kang katur marang | Surakarta iku | wus katur mring Sri Narendra | Surakarta srat dêlèr lan Madurèki | tinampan tinupiksa ||

17. surat dêlèr têmbung tur udani | wus tabenya ingkang kathah-kathah | atur priksa ing lampahe | mring nagri Madurèku | miwah nagri ing Surawèsthi | kula nèng Surabaya | ngudi kula antuk | srate jêng rama andika | nênggih Pangran Adipati Bintarèki | asrah panungkul tobat ||

18. sawab binujung dipun dhatêngi | mring dêdamêl Sampang Surapringga | dosa gêng tanggung tekade | mirong pan botên purun | ngimanakên karaton kalih | milane dipun gusah | ing sapurugipun | mring wong Sampang Surabaya | maring

--- 19 : 7 ---

Rawa angungsi pinggir pasisir | kidul nulyatur sêmbah ||

19. mangke kula sumăngga sang aji | lan ramanta Pangeran Purbaya | nèng gunung Gamping praptane | rusak sariranipun | datan wontên ingkang tut buri | bature sami nilar | mung wong papat tumut | rama tuwan kangjêng sultan | botên purun kalamun pikire taksih | ingkang kalih prakara ||

20. lamun kula purun anaguhi | ing jaile lan jêrihe ing prang | mila tuwan sultan mangke | kula kang kinèn nanggung | kula botên purun nanglêdi | mila mangke wikana | gih ing dadosipun | lan malih raka andika | Panêmbahan Madura kintun ngaturi | kajêng badhe ukiran ||

21. ukirane dhuwung cara Bali | mung têtiga kêndhitipun pelag | margi mèh ical katrine | antuk kula rumuhun | saking wetan wontên Juwani | pasisir kagegeran | dene polahipun | ing mungsuh Mangkunagaran | pan pinêgat ing Sultan Agung ngoncati | tuwan ngrusak nagara ||

22. suratipun dêlèr sampun titi | nulya sêrat kang saking Madura | binuka tinupiksa ge | tur sêmbah taklimipun | pun kakang mas atur kintèki | Adipati Madura | wusnya wiyosipun | prêkawis badhe ukiran | cara Bali kula bêktakakên dêlir | katura ing sang nata ||

23. kaping kalih kula angaturi | waos tigang atus parampogan | nanging tan mawi jêjêre | satunggil êmpunipun | Barurambat ampuh nglangkungi | kalih ingkang kapacak | bung ampèl [a...]

--- 19 : 8 ---

[...mpèl] rongatus | kang sampun katur punika | yêktinipun pan inggih ampuh puniki | dene kang kaping tiga ||

24. lampahipun putra dalêm kalih | pun Kartasari pun Kartayuda | kalih èwu prajurite | kinrêsakkên puniku | ing ramanta Sultan Giyanti | ingabên lawan mêngsah | Mangkunagarèku | kawula bêktani usar | kawan atus nêmatus panumbaknèki | kulit daging sadaya ||

25. panuwun kawula sri bupati | pun Kartasari pun Kartayuda | tinimbalana kalihe | wêwulang sang aprabu | ing pratingkah Tuwan Kaduki | mênggahing tatakrama | cinêlakkên ratu | manawi rama paduka | kangjêng sultan kiranga ing maklumnèki | anglingsêmi kawula ||

26. saking maksih ugungane kalih | bok katutuh wong suwitèng bapa | gumampang tatakramane | wus titi suratipun | lajêng sami dènnya ngangsuli | tuwin kang rama sultan | nglampahkên sul-angsul | mring Samarang mring Madura | lêt sadintên praptane nagri Samawis | sami bêbukanira ||

27. sang aprabu ing Surakartèki | suratira prakawis Pangeran | Bintara ing panungkule | dêlèr ngaturkên wau | sri narendra lumuh nampèni | manawi paman sultan | anampèni purun | kula wong anom asusah | dene kathah carèwèdipun Kêstori | gêcul Pangran Bintara ||

28. wa makatên lamun dêlèr nênggih | mêksa ngêsrahakên ing kawula | kula jangji sadèrènge | icala namanipun | dènnya nama Pangran Dipati | Buminata sabinnya [sabi...]

--- 19 : 9 ---

[...nnya] | nguni kalih èwu | lan kawan atus punika | lamun purun wontên ing kawula malih | sabin satus wikana ||

29. têgêsipun andhodhok sayêkti | sampun ilang namaning satriya | dhêdhongkolan sayêktine | nadyan satunggilipun | Paman Purubaya pan sami | yèn purun sapunika | kula inggih purun | kula malih kuwawia | paman sultan ingkang sêpuh anggung sêdhih | kanggenan ri kalihnya ||

30. saking sami awon manahnèki | titi tamat surat Surakarta | surat Giyanti nulya ge | tinupiksa kang têmbung | aprakawis pangeran kalih | Dhimas Bintara lawan | Dhimas Purbayèku | dêlèr ngêsrahkên ing kula | wong puniku kula botên anampèni | botên bêciki jagat ||

31. wa makatên lamun tuwan dêlir | mêksa ngêsrahakên maring kula | puniku dadi sidane | gih kula gawe tambur | panambure wong nirbayèki | dene Adhi Purbaya | dadia makêdum | yèn seba kopyah kathokan | asawaha mung salawe aja luwih | maria dadi setan ||

32. dadi jajalanat tanah Jawi | lamun têtêpa dadi pangeran | agawe susahing akèh | wus titi suratipun | dêlèr goyang kapalanèki | sêrat sami mring gampang | linajêngkên gupuh | tuwan dêlèr dutanira | gya lumampah mring nagri Madura nênggih | wuwusên ing Drêsanan ||

33. pun Kapitan Markèt kinèn mulih | marang baris gunung Gamping sigra | kangjêng sultan [sulta...]

--- 19 : 10 ---

[...n] timbalane | lan kang putra tinuduh | tumut tunggu ing gunung Gamping | pangeran adipatya | sarêng budhalipun | prakara Pangran Purbaya | pun Kapitan Markèt kinèn angecani | anèng Gamping kewala ||

34. sigra budhal lan kapat bupati | dragundêre satus kalih dasa | sira pun Kapitan Markèt | kalih bêlah kang tumut | Walandine kang jalan kaki | Bugis Bali Sêmbawa | nênggih tigang atus | dadya gunggunging gêgaman | kang umantuk baris dhatêng ardi Gamping | kalih ewu lan dhomas ||

35. sapraptane wau ngardi Gamping | wus pinanggil Pangeran Purbaya | mring wau Kapitan Markèt | prapta binêkta sampun | ngiwa marang kantorirèki | tutur saking trêsnanya | pun Markèt amuwus | pangeran kula pasaja | gih mring tuwan kala kula amanggihi | raka dika jêng sultan ||

36. angantosi sêrat ing Sêmawis | nuju dêlèr saking Surapringga | wus kasundhulan sêrate | dêlèr prapta rumuhun | tur uninga mring sultan nênggih | yèn Pangeran Bintara | prapta suratipun | marang Brikton Surabaya | yèn malaku dèn agung panungkulnèki | dènira asrah tobat ||

37. Petor Brikton tan purun nanglêdi | nuntên surat saking kula prapta | Surapringga kacandhake | saking Samarang laju | tur uninga tuwan puniki | yèn arsa anungkula | marang kadang sêpuh | nuntên sami binicara | sagung kantor bang wetan kang sami mikir | Brikton ingkang pamungkas ||

38. Petor Gêmbong lan [la...]

--- 19 : 11 ---

[...n] Petor Garêsik | ing Sumênêp lawan ing Madura | Petor Brikton wruh watêke | pangeran roro iku | padha-padha sutèng narpati | tan pantês pinikira | wêwatêkanipun | Bintara miwah Purbaya | aluwih ing wong cilik dènira licik | karya asmarèng kathah ||

181. Asmaradana

1. yèn pangeran bolak-balik | kongsi mindho aming tiga | tan susah pinikir malèh | sampun sipat dajalanat | mari sipat manungsa | sanadyan putraning ratu | wus têtela anak kharam ||

2. Pangeran Purubayèki | wus atinggal ingkang raka | ambongbong kaponakane | Pangeran Mangkunagara | duk prang Patugu kalah | mati urip lêbur tumpur | milua Mangkunagara ||

3. kudu arêp bali maning | têka botên duwe wirang | kadipundi pangrasane | rêmbuge para bicara | cinupêt tinulakan | nanging dêlèr ingkang maklum | ya watêking wong kêkadang ||

4. bok sultan karsa nampèni | miwah ta kangjêng susunan | ala apa sun sung wêroh | surate dêlèr kang prapta | mring sultan mring susunan | sami nampik kalihipun | tan wontên sagêd kanggenan ||

5. sami puruna ngrawati | yèn purun angilangêna | nama kapangeranane | dadia bidak kewala | yèn sawah satus eman | mung salawe pantêsipun | wong baranyak ati kompra ||

6. lan wong nora idhêp isin | dudu atining pangeran | ati bandarakan bae | makatên [ma...]

--- 19 : 12 ---

[...katên] ingkang wangsulan | sultan miwah suhunan | wau kalane angrungu | Pangran Arya Purubaya ||

7. angungun marêbês mili | anutuh sariranira | ngêrasa bangêt lupute | lajêng dènnya apamitan | prapta pakuwonira | anguntal warangan jêruk | lajêng gêrah mutah-mutah ||

8. lajêng ngising andêlinding | kalokkên gêrah padharan | samana lajêng sedane | utusan marang Drêsanan | katur marang jêng sultan | pinaring sabarangipun | Magiri kinèn mêtaka ||

9. kunêng kang winuwus malih | Pangran Bintara wus nêmah | panggih lawan Pulmak Brikton | lan dêdamêl Surabaya | nênggih lajêng binêkta | praptane Surabaya wus | binucal mring pulo Bandhan ||

10. kang putra jalêr satunggil | kang pinundhut marang sultan | Radèn Mas Pandhi namane | sampun katur mring Drêsanan | sultan awlas ing driya | aja tiru bapakamu | elinga trahing utama ||

11. sultan angrês aningali | marang putra pêpulunan | sampun jinunjung namane | Pangran Arya Natapura | kinanthi ing ayuda | sinabinan kawan atus | kunêng malih winursita ||

122. Adipati Pringgalaya kawiyak culikanipun, lajêng nglalu pêjah nguntal racun.

12. kang atêngga ardi Gamping | pangran dipati punika | ginubêl marang êmbane | kang nama Arya Panatas | nuwun dèn lintonana | pêndhême sèkêt ing Jambun | kalêbêt ing Surakarta ||

--- 19 : 13 ---

13. pan tumut bumi Panumping | Panumping Kawiragunan | alami botên kalakon | purik pun Arya Panatas | atilar gustinira | pangeran dipati bingung | tinilar marang kang bapa ||

14. lungane lunga ambalik | ing Pangran Mangkunagara | pangeran dipati lolos | sèkêt abdine binêkta | sadandananing aprang | praptaning Parakan Kêdhu | lajêng anumpêsi Cina ||

15. kathah Cina kang ngêmasi | nênggih pitung dasa sanga | lajêng apacak barise | wong desa ajrih sadaya | gusis Cina anilap | kang tan purun kesah nungkul | tumut baris ing Parakan ||

16. kunêng malih kang winarni | mungsuh wus nêbah mring Daha | bumi Kaduwang kilène | kang abaris ing Drêsanan | ngiras pabên palihan | aruwêd pêparonipun | bêkiwite Pringgalaya ||

17. sultan mèh supe dukani | ruwêde kang pêpalihan | kintun srat dhatêng mring dêlèr | nadyan dêlèr suratira | kature tuwan sultan | lan manggil Pringgalayèku | dhatênga ing Salatiga ||

18. Sang Nata Surakartèki | pan sampun utusan sêrat | prasabên marang idêlèr | lamun botên pêparentah | mring Patih Pringgalaya | ngrubêdkên pêparonipun | malah mring kula sagahnya ||

19. duk tuwan dêlèr rumiyin | wontên nagri Surakarta | duk marentahi angkate | mring Dipati Pringgalaya | miwah wadana jaba | kumpul baris ing Marêbung | samantên pun Pringgalaya ||

20. sagah nuntên angintuni | manungsa [ma...]

--- 19 : 14 ---

[...nungsa] kang sami jaga | Kumpênine kantun kabèh | ing nagari Surakarta | sarta ingone pisan | pinănja saking Marêbung | mangke dèrèng kalampahan ||

21. kaping pat kula saosi | bumi saosan kang năngga | karya kalawan ingone | Kumpêni ing Surakarta | pintên lamine mangkya | igih[2] dèrèng wontên jêbul | sêsanggupe Pringgalaya ||

22. dadi mangke kula malih | nyăngga ingoning Walănda | wadana kula jro mopo | năngga Kumpêni sagêda | ingkang pinangan samya | dhèwèke sami tan cukup | bumi dèrèng kinantênan ||

23. marang ing Pringgalayèki | mulane tuwan andika | inggih sampun anênutoh | panggawene Pringgalaya | kula tuwan pan selak | kang ruwêd paron puniku | dede parentah kawula ||

24. sawusnya amaos tulis | dêlèr anggoyang kapala | wus karya angsul-angsule | marang Prabu Surakarta | ingaturan dhawuhna | marang ing Pringgalayèku | panggih anèng Salatiga ||

25. lan kang rama ing Giyanti | gih kula aturi têdhak | mring Salatiga patêmon | ngrikatakên pêpalihan | gih rama dika sultan | inggih sampun kongsi mutung | karya ngurag roning kamal ||

182. Sinom

1. ing mangke Kêdhu Parakan | inggih sampun wontên baris | Cina kathah tinumpêsan | paran dadosipun benjing | yèn botên nuntên inggih | rumat pêparon [pêparo...]

--- 19 : 15 ---

[...n] puniku | ing aprang pan mèh inggal | anuntêna prapta malih | măngsa kobêr nagari dadia arja ||

2. yèn mutunga tuwan sultan | pasthi mungsuh gêdhe malih | sida ajur tanah Jawa | sapa bisa ngusadani | Pringgalaya puniki | punapa sok ngewuh-ewuh | bêbêkta tuwan sunan | wus titi tamat kang tulis | sri narendra utusan sigra dhawuhna ||

3. gandhèk marang Kadrêsanan | panggih lawan sang dipati | Pringgalaya dhinawuhan | sandikane minggring-minggring | dene kinarya wakil | manggihi patêmonipun | kalawan kangjêng sultan | lan Dêlèr Nikolas Harting | pêpanggihan anèng loji Salatiga ||

4. Adipati Pringgalaya | dalu lan rowang kêkalih | asowan ing kangjêng sultan | wêling atur dèn timbali | prapta ngarsanira glis | umatur saha wotsantun | pukulun tur uninga | kula amidhangêt warti | aprakawis pêpanggihan Salatiga ||

5. punika botên sakeca | tuwan têtika pribadi | pun dêlèr pan botên lămba | dhatêng paduka ing warti | kula punika kulit | jiniwit daginge katut | lamun kalampahana | warti ingkang kapiyarsi | mendah inggih rêntêng bok ayu paduka ||

6. inggih bok ayu paduka | wingi kawula wartèni | samangke tan kolu dhahar | rêntênge kapati-pati | dene ta kadangnèki | mung kantun siji pukulun | mung paduka kewala | pundi wontên malih-malih | mung paduka kantun tur umadêg nata ||

--- 19 : 16 ---

7. inggih bok ayu paduka | kapanggih pintên prakawis | mila susahe kalintang | tan anadhah tan aguling | wau duk amiyarsi | sultan animbangi tanduk | api-api asusah | sidhakêp panglênggêrnèki | ing batine jêng sultan sampun waspada ||

8. ing akale Pringgalaya | kamandaka tan sayukti | amrih wurunge jêng sultan | sampun nêdhaki pribadi | matur saha wotsari | Dipati Pringgalayèku | yèn kenging pan amunga | inggih pun adhi Dipati | Danurêja lan inggih kula kewala ||

9. sultan alon angandika | kapriye Pringgalayèki | samar datan măntra-măntra | pamaidone ing batin | dene ta ingsun uwis | marang idêlèr wus sanggup | têdhak mring Salatiga | nadyan banjura Sêmawis | pasthi wirang lamun ingsun ngoncatana ||

10. sayêkti dudu narendra | dudu taliti Matawis | Pringgalaya atur sêmbah | tuwan pawadan grah kêdhik | sultan mèsêm nauri | duraka maring Hyang Luhur | goroh wong waras-waras | ngaku api-api gêring | lamun ratu ilang tejaning wadana ||

11. amêsumakên nagara | nadyan praptaa ing pati | tan arsa cidra wacana | yèn matia mati sahid | Pringgalaya sirèki | matura maring bok ayu | aja kudu asusah | dèn srahêna ing Hyang Widi | lara pati măngsa kêna singgahana ||

12. nanging ta pangrasaningwang | yèn Kumpêni tan sayêkti | anèng loji Salatiga |

--- 19 : 17 ---

ing papan nora prayogi | sun watara kabalik | kang nêdya ngrusak puniku | sayêkti dadi rusak | pira gawane prajurit | yèn pitênah ingsun wus nêmaha nekad ||

13. sok ingsun têmên-têmêna | nora anyidrani jangji | rinêksa ing Widi dhustha | măngsa tirua wak mami | Si Mangkunagarèki | cidrane wacana muput | pan ingsun nora nêdya | ngingkêdi kang wus kawijil | dadya ajur tan mèngèng takdiring Suksma ||

14. panyetane tan tumama | Dipati Pringgalayèki | sultan kadya gunung sela | tinêmpuh maruta kêdhik | tan karasa tan osik | bakuh kukuh nora keguh | langkung dènira kewran | Dipati Pringgalayèki | langkung maras yèn tanggêna ing prakara ||

15. jêng sultan alon ngandika | iya ing lakunirèki | pan sira wus kadhawuhan | mring anak prabu lumaris | apa ingsun kang dhingin | apa sira kang rumuhun | apa barêng kewala | Dipati Pringgalayèki | matur nêmbah paduka kang rumiyina ||

16. wus tinundhung Pringgalaya | kinèn makuwon wus enjing | pakuwone lêt sabulak | sultan angundhangi dasih | tuwin bala Kumpêni | dene kang pinatah tunggu | pabarisan Drêsanan | para dipati pinilih | têtindhihe Pangeran Natakusuma ||

17. lan Pangeran Pakuningrat | miwah Kumpêni pinilih | Kapitan pan dêr Pol ingkang | pinatah atêngga baris | lan Kumpêni sapalih | Kapitan Dongkêl kang tumut | Dipati Danurêja | binêkta [bi...]

--- 19 : 18 ---

[...nêkta] ngundhangi dasih | sigra sultan sampun atêngara budhal ||

18. ngalèr mêdal Wanakarta | dêlèr praptane dhingini | antara ing kalih dina | nora kyèh wadyanirèki | saking nagri Samawis | amung bupati kang tumut | liyane datan ana | amung Dipati Samawis | lan malihe Mantri Gêmulak Têrbaya ||

19. Sang Prabu ing Surakarta | Dipati Pringgalayèki | nuwun abdi kawan dasa | pinaring satus lumaris | bêkêl tumbak kêkalih | dadya sèkêt benangipun | kalih bêkêl sanjata | sèkêt ingkang sikêp bêdhil | nanging lampah parentahipun sang nata ||

20. kinèn sampun cêlak-cêlak | êlêta patang pambêdhil | lan Dipati Pringgalaya | aja kongsi angarèni | mangkana anèng margi | dhingini sabên lumaku | praptaning Salatiga | wau sultan sawadyèki | nênggih tigang èwu prajurit turăngga ||

21. kalih èwu ingkang dharat | asri busanèng prajurit | amarwata kêmbang-kêmbang | rikat rakite ngajrihi | dêlèr amêthuk têbih | panggih têtabean sampun | aras-ingaras samya | gantya ingkang jăngga iring | rêrangkulan binêktèng loji wus prapta ||

22. atata wus samya lênggah | dêlèr sarwi aningali | ing prajuritira sultan | kathah busana mawarni | pangkate kang prajurit | wusnya kaping kalih minum | gya lajêng ingaturan | masanggrahan Sanakapti | angarsakna ing loji miwah ing jaba ||

23. sultan angarsakkên jaba | idêlèr nulya anganthi | marang sakilèning [saki...]

--- 19 : 19 ---

[...lèning] marga | masanggrahan sri bupati | wus pamondhokan sami | sagung pra dipatinipun | tata rakit anêba | miwah sagunging prajurit | wanci ngasar prapta wadya Surakarta ||

24. lêt saêjam praptanira | Dipati Pringgalayèki | datan ambêkta punggawa | makuwon ing Kalicacing | enjingipun ngaturi | nanging sultan tan lumaku | dêlèr malih utusan | Kyai Dipati Samawis | kinèn matur pratela ing kangjêng sultan ||

25. sowan dhatêng pasanggrahan | wau Dipati Samawis | prapta lajêng tinimbalan | sèlèh dhuwung pranataris | wusnya mundur alinggih | dipati nêmbah umatur | mila sudara tuwan | kamipurun angaturi | dene arsa amancasi kang prakara ||

26. Kumpêni pan sampun adat | kina dalasan samangkin | lamun angadoni mancas | tan kenging liyan ing loji | sultan angandikaris | ya Suradimênggalèku | Kumpêni duwe adat | ya dèn ênggoa pribadi | ngajak-ajak mring ingsun măngsa gêlêma ||

27. sarwi mèsêm kangjêng sultan | wau Dipati Samawis | nuwun mantuk atur sêmbah | lampahe tan antuk kardi | sapraptanirèng loji | wus bilang marang gupêrnur | yèn sultan datan arsa | tumindaka marang loji | dika tuwan pinanggil mring pasanggrahan ||

28. dêlèr manthuk manggil sigra | Dipati Pringgalayèki | binêkta mring pasanggrahan | umangkat Nikolas Harting | sultan sampun ngundhangi | abaris prajuritipun | sêsiyung langkungira [lang...]

--- 19 : 20 ---

[...kungira] | dêlèr urmat drèl saragni | kang anumbak tanjak sami kurmatira ||

29. sultan dènira tumêdhak | kikising taratag aglis | amêthuk wau kang prapta | Idêlèr Nikolas Harting | têtabean prasami | arangkul ciyum-ciniyum | wus tata sami lênggah | micantên Nikolas Harting | marang sira Adipati Pringgalaya ||

30. heh Pringgalaya tunggala | lungguh lan Danurêjèki | sigra tunggil dènnya lênggah | munggèng byantaraniraji | lan dêlèr tan atêbih | dêlèr malih asru muwus | heh mara Danurêja | wêtokna gugatirèki | sun rungokne sêsaure Pringgalaya ||

31. Adipati Danurêja | ambabar suratirèki | pangrambe kang kinukuhan | Dipati Pringgalayèki | sagung lêladèn nênggih | durèn pijêtan kêpundhung | jambe kalawan sêdhah | ingkang sami dèn kukuhi | tan pinaro lan Dipati Pringgalaya ||

32. Pringgalaya saurira | mila tan kawula palih | de punika kalangênan | pacangkramaning narpati | kangjêng sultan ing benjing | yèn wus têtêp puranipun | mênggahing kalangênan | bok inggih damêl pribadi | pan makatên tuwan bêbênêran kula ||

33. sultan alon angandika | heh Danurêja sirèki | aja nyilip saurira | dèn bênêr prapta ing batin | kalih mênangirèki | sumendhea ing Hyang Agung | aja agawe reka | duraka rêbut rêjêki | matur nêmbah Adipati Danurêja ||

34. tuwan kula mila nêdha | pangrambe [pa...]

--- 19 : 21 ---

[...ngrambe] palihanèki | dene bumi sampun mêdal | saking lêksan èwonnèki | sampun dhapur pribadi | sengga kalangênanipun | Sang Prabu Surakarta | ênggène damêl pribadi | tanpa ngraos kula jawaba palihan ||

35. kang damêl Sunan Mangkurat | sampun patang ratu mangkin | kêbon dalêm Parambonan | miwah ladèn urut Pêngging | dêlèr duk amiyarsi | ambanting têpiyonipun | sarya ngling marang landrat | miwah biskaling Kumpêni | kang tinari sami anggoyang kapala ||

36. Pringgalaya lêbih nakal | apan wus pangawak iblis | têka mangkana budinya | dudu kaprah wong aurip | wus tan kêna pinikir | mangkana pamasangipun | dêlèr kalangkung gusar | pamuwuse briga-brigi | nora patut sira iku Pringgalaya ||

37. Pringgalaya saurira | kula tuwan tiyang cilik | lumaku lan saparentah | dêlèr sakin dènnya runtik | sira iku anambi | iya maring ing ratumu | dêlèr amêndhêt surat | kang saking sri narapati | sambat pêparentah pêparon wus lawas ||

38. sêsanggupe Pringgalaya | ingone bala Kumpêni | kang kari ing Surakarta | sang nata maria nyanggi | sagah Pringgalayèki | manci wong saking ing Marbung | lami tan kalampahan | kongsi bubar Marbungnèki | sri narendra bosên dhawahi parentah ||

39. nora jêbul Pringgalaya | mila kaku tyasing aji | lapur ing Dêlèr Samarang | sang nata misih anyanggi | sabarang ing Kumpêni [Ku...]

--- 19 : 22 ---

[...mpêni] | sukêt kayu ingonipun | dêlèr asru wuwusnya | sirèku Pringgalayèki | dosa gêdhe mring ratu loro duraka ||

40. pan ingobong ukumira | agawe ruwêding bumi | dudu akaling manungsa | têka cêmêr kaya iblis | nora patut dèn kuping | tuture Pringgalayèku | heh Danurja yèn ana | bumi cacah têngên nênggih | aja nganggo padu têka juputana ||

41. dene yèn ana kang băngga | tumpêsên sadaya sami | dadi rêrêgêd nagara | sultan wajib kang ngulapi | dêlèr matur bêbisik | mring kangjêng sultan turipun | sampun tuwan bubara | amung inggih kang abaris | ing Parakan punika putra paduka ||

42. punika tuwan bubarna | inggih damêl sănggarunggi | dhatêng eyang tuwan jendral | wong gêdhe-gêdhe Batawi | sultan mèsêm nauri | kula dhewe ingkang laju | mukul baris Parakan | nadyan anak bêkêlahi | lamun botên tobat kula ukum pêjah ||

43. idêlèr kalangkung suka | mojar ing Pringgalayèki | wus Pringgalaya muliha | maring barisamu malih | sakèhe nora dadi | amijil saking muwusmu | măngsa borong sang nata | ing Surakarta lan malih | lan kang paman jêng sultan tanapi jendral ||

44. iku dudu karyaningwang | wus bubar sultan apamit | lajêng mring Kêdhu lampahnya | Dipati Pringgalayèki | pamit sampun lumaris | ing Drêsanan praptanipun | misuwur sabarisan | alane Pringgalayèki | kacênthikan bêndarane kinalêthak [ki...]

--- 19 : 23 ---

[...nalêthak] ||

45. Ki Tumênggung Mangkuyuda | sèlèh api-api sakit | marang ing kaliwonira | Martawijaya Ngabèi | kadang nak-sanaknèki | tinarima sèlèhipun | Martawijaya nama | Tumênggung Mangkuyudèki | Wiracana gumantya kaliwonira ||

46. anake lanang kang tuwa | Ngabèi Wiracanèki | mring Ki Dhongkol Mangkuyuda | wus mantuk mring Andong nênggih | Jayanagara nênggih | kinarya kaliwonipun | Radèn Pringgadiningrat | Dipati Pringgalayèki | gêrah sangêt anggege mêcah kaluwak ||

183. Pucung

1. nguntal jêruk warangan kakèhan candu | longong sakitira | dalinding lajêng ngêmasi | dina Sênèn tanggal pitu likur Bêsar ||

2. taun Êbe wus katur ing pêjahipun | sang nata utusan | mring Samarang mring Batawi | miwah jujul mring kang paman nangjêng sultan ||

3. lampahipun sultan praptane ing Kêdhu | kang putra ngandikan | kang rama nèng Pakiswiring | kang dinuta Tumênggung Mangunnagara ||

4. lajêng tumut pangeran dipati nutut | bubar barisira | sapraptaning Pakiswiring | nèng ngajêngan sèlèh dhuwung ngrangkul pada ||

5. dyan rinangkul mring kang rama ngandikarum | kulup kaya ngapa | pagene polahirèki | mèh sathithik anggêgawa wong atuwa ||

6. sultan sampun eca tyase wus angutus | amaringi surat | mring Dêlèr Nikolas Harting | paring wikan baris Parakan wus bubar ||

--- 19 : 24 ---

123. Kangjêng Sultan yasa kitha.

7. sultan sampun abudhal sawadya ngidul | lampahe ginêlak | sapraptaning gunung Gamping | lajêng nyêngkal badhe kitha alas Bringan ||

8. kang wus ngêpung wangunan Ngayogya iku | Sinuhun Mangkurat | kang yasa Gêrjitawati | duk jênênge Sinuwun Pakubuwana ||

9. ing Gêrjitawati dèn lih namanipun | winastan Ngayogya | duk alam sultan puniki | duk mungsuhan lan Mayor Pèbêr binubrah ||

10. banonipun sadaya sampun ginêmpur | mangkya karsanira | jêng sultan winangun malih | binabadan kang wadya anambut karya ||

11. lojinipun ingkang kinarya rumuhun | prapta suratira | Sang Prabu Surakartèki | tur uninga mring kang paman kangjêng sultan ||

12. inggih lamun kang putra pêpatihipun | saking Salatiga | Dipati Pringgalayèki | lajêng pêjah sultan wau duk miyarsa ||

13. mèsêm ngungun gumujêng ngandika arum | sukur yèn matia | ipeku Pringgalayèki | yèn uripa gawe rubêding nagara ||

14. wus amatuh atine kuthuh arusuh | iya ati setan | sêlame mung sêlam kucing | balêntongan atine akèh kang ala ||

15. ngewuh-ewuh ing pêparon amrih rusuh | amrih kaku ing tyas | ing rêrukon aja kongsi | dimèn dawa darêdahing tanah Jawa ||

16. suratipun kang putra ngangsulan sampun | wau Sri Narendra | ing Surakarta anuding [a...]

--- 19 : 25 ---

[...nuding] | karya surat mring Batawi mring Samarang ||

17. malihipun mantri kaliwon tinuduh | Dêmang Ardiguna | marang Andong kinèn aglis | animbali Kyai Dhongkol Mangkuyuda ||

18. datan antuk yèn sambata lara iku | kinèn anandhua | praptane duta narpati | anèng Andong Mangkuyuda wus kagawa ||

19. lampahipun ing marga datan kawuwus | praptèng Surakarta | ingandikan marang puri | praptanira ngarsèng narpati ngandika ||

20. heh sirèku iya banjura atunggu | barisan Drêsanan | Si Pringgalaya ngêmasi | ayomana sira ingkang marentaha ||

21. pra tumênggung kang ana barisan iku | iya dèn karêksa | mungguh ingoning Kumpêni | ya sêsilih senapati ing paprangan ||

22. iya iku Andong yèn sarta bêgjamu | sun lagi kongkonan | mring Samarang mring Batawi | mupakatan yèn sira sun gawe tuwa ||

23. duk angrungu Tumênggung Mangkuyudèku | luhnya darodosan | sênggruk-sênggruk nangis lirih | pan kawratan dhawuhing sih ring sang nata ||

24. wus tinundhung lajua marang Marêbung | wus pinaring surat | kang senapatining baris | lurah gandhèk ingkang tumut kalih pisan ||

25. lampahipun sapraptanira Marêbung | ing loji jujugnya | maos pangwasanirèki | yèn sêsilih senapatining barisan ||

26. dèrèng tamtu ing rèh kapitayanipun | umum sabarisan | yèn sêsilih senapati | nama mêksih Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

27. suratipun sang

--- 19 : 26 ---

nata ingkang tumanduk | marang ing Samarang | miwah kang maring Batawi | wus tinurut sakarsa-karsa sang nata ||

28. pan panuju karsane sang nata iku | dene kang kinarsan | punggawa tuwa pribadi | lawan tate anadhahi boting karya ||

29. dêlèripun jumurung miwah gurnadur | dene wus kawruhan | lami kêkanthèn Kumpêni | ya ta bobot ing gawe miwah ing aprang ||

30. kalih tèngsu kèndêl kacandhak sahipun | wus lajêng kapacak | pêpatih Mangkuyudèki | sinung nama Adipati Mangkupraja ||

31. têtêpipun Martawijaya Tumênggung | nênggih Mangkuyuda | madanani mantri bumi | kang pinacak kaliwon patih punika ||

32. nênggih wau Tumênggung Wiradigdèku | kang nyêkêl parentah | anglurahi pra dipati | ing sosoran Ki Tumênggung Arungbinang ||

33. kinèn rukun punggawa kang sami sêpuh | lajêng mring Samarang | Dipati Mangkuprajèki | ingkang têngga baris Kyai Wiradigda ||

34. lampahipun Dipati Mangkuprajèku | praptaning Sêmarang | panggih lan Nikolas Harting | latah-latah dêlèr langkung sukanira ||

35. iya sukur bapa karsane sang prabu | sira kang wis tuwa | pinacak dadi pêpatih | iya bapa aja tiru Pringgalaya ||

36. gawe rusuh angrêruwêd lakunipun | yèn maksih agêsang | Dipati Pringgalayèki | wong sajagat padha kêna lara brăngta ||

184. Asmaradana

1. sampun asumpah prajangji | Adipati Mangkupraja | lawan sira tuwan dêler | akathah pisungsungira |

--- 19 : 27 ---

obat mimis sanjata | pupusan miwah baludru | wus kinèn mantuka enggal ||

2. kuwatir atinggal baris | wus budhal saking Samarang | praptane pabarisane | ing Drêsanan tigang dina | sowan marang nagara | ingandikan praptanipun | wus munggèng byantara nata ||

3. umatur sasolahnèki | lampahira mring Samarang | Nikolas Harting wêlinge | ngrikatakên pêpalihan | Dipati Mangkupraja | umatur saha wotsantun | pukulun anuwun duka ||

4. rumiyin pun Adipati | Pringgalaya graitanya | gusti mênggahing pêparon | panjênêngan padukendra | lilah lair kewala | ing batin pan botên têrus | ingkang kinarya pratăndha ||

5. yèn lilah anrus ing batin | sang nata măngsa gajiha | prajurit samene kèhe | milane dèn angkak-angkak | ing palihan punika | sang nata miyarsa ngungun | luput iku Mangkupraja ||

6. apan iku ujar wêrit | yèn sarta karsaning Suksma | mong samarga apêparon | iku akale wong apa | bisa angăngka-ăngka | têgêse iku bubruwun | kancane padha tirua ||

7. yèn wus olih dèn bawoni | bangêt majanani jagat | wong kabèh pinicakake | pae wong Nusakambangan | nora wruh cacah Jawa | mulane sopadunipun | duk ana ing Salatiga ||

8. yèn aja nulia mati | anggung gêgawa maring wang | padune têka nyarwètèh | lah iki

--- 19 : 28 ---

Amangkupraja | iya salina gêlar | pasaja aja bêbingung | amrih anuli pêragat ||

9. yèn kaya Pringgalayèki | gêgawa ala maring wang | Kumpêni kaku atine | apan iku paman sultan | pan lagi pinilala | sanggup nirnakakên mungsuh | rêrêgêding tanah Jawa ||

10. tur sêmbah rêkyana patih | yèn makatên karsa tuwan | kadi yèn wontên enggale | kang awon pênêd kantênan | lamun sami pasaja | Dipati Mangkuprajèku | tur sêmbah anulya mêdal ||

11. sapraptanira ing jawi | lajêng mantuk barisira | ing Drêsanan sapraptane | ngumpulakên pra dipatya | jinarwan karsa nata | pra dipati samya ngungun | rinasa-rasa karasa ||

12. bênêr karsane sang aji | sayêkti ananggung ala | yèn angruwêda pêparon | cinirèn ati durjana | culika arda murka | lair batin nora patut | manthuk-manthuk Arungbinang ||

13. kunêng sultan animbali | mring Dipati Danurêja | lan sakănca punggawane | sultan anyêlani karsa | sakêdhap anyênyêngkal | akarya kadhatonipun | sinasambi lawan aprang ||

14. mung karya pangajêng baris | urut gunung Pamasaran | amung mantri desa bae | Adipati Danurêja | prapta lajêng ababad | sakănca punggawanipun | ambabadi alas Bringan ||

15. lan angiras sultan nênggih | amanggihakên kang putra | Dèn Ayu Jayèngranane | wontên putrane kang paman | Radèn Natakusuma | ing nguni binêkta [binê...]

--- 19 : 29 ---

[...kta] mantuk | mring Pangeran Hèrucakra ||

16. duk sakit nèng ing Samawis | Rahadèn Sumadiwirya | timure Dèn Bagus Koplo | Pangeran Dipanagara | seda nèng Surakarta | mila kapiran Dèn Bagus | lamine anèng Samarang ||

17. praptanira Pagiyanti | anusul marang kang Raka | Pangran Natakusumane | Dèn Bagus Koplo punika | ibu putri Purbayan | ing mangke pinundhut mantu | ing karsanira jêng sultan ||

18. sampun pinacak bupati | pinaringan sèwu sawah | sarta ingalih namane | Pangran Arya Natabaya | agêng inggil prakosa | kadya andaga dinulu | jêng sultan langkung sihira ||

19. kinudang prawirèng jurit | Pangran Arya Natabaya | ngluwihi pra kadang kabèh | sanadyan silih agênga | Pangeran Pakuningrat | atêlendho polah tutut | nora gagah nora singgah ||

20. Pangeran Natabayèki | abagus rowa arikat | tur agalak pasêmone | akarêm marang ayuda | nadyan wong sanagara | pan sami pambatangipun | mring Pangeran Natabaya ||

21. mangkana kang nambut kardi | gumuruh sadina-dina | kang para dipati kabèh | pan sami ngrakit pomahan | sami gatra kewala | lan ngêncêng kang lurung-lurung | kang babad sadina-dina ||

22. kunêng wau kang winarni | Adipati Mangkupraja | Patih ing Surakartane | sowan marang ing Mataram | dinuta mring kang putra | Dipati Mangkuprajèku | angrikatkên pêpalihan ||

--- 19 : 30 ---

23. sapraptanira Matawis | Adipati Mangkupraja | wus katur marang sang katong | Adipati Danurêja | kang ngirid ingandikan | praptaning bintaranipun | Adipati Mangkupraja ||

24. sèlèh dhuwung angabêkti | jêng sultan gumujêng suka | sira iku atêtinjo | goningsun babadi alas | badhe sun karya kutha | Mangkupraja nêmbah matur | inggih kawula dinuta ||

25. ing putra dalêm sang aji | ingkang taklim kaatura | dene kang kaping kalihe | pundi wastane kang wana | kang kababad punika | ing karsa dalêm pukulun | badhe kinarya nagara ||

26. putra dalêm yun miyarsi | jêng sultan alon ngandika | alas ing Bringan arane | têpung cocok lan ing Yogya | bêcik ingsun wêntara | jêmbar rata murah banyu | ing nguni Sunan Mangkurat ||

27. ingaran Garjitawati | kang ginatra purantara | mila sinungan kadhaton | iya ing Ngayogya ika | tur sêmbah Mangkupraja | mendah inggih dadosipun | papan makatên punika ||

28. lawan inggih ingkang wêling | jêng putra paduka nata | angrampungakên pêparon | ing mangke sami balaka | botên kenging siliban | kula sangêt pinapacuh | nêdyaa ing tyas culika ||

29. gumujêng sultan lingnyaris | iku iya Mangkupraja | mêngko wus lêga tyas ingong | sira kang ginawe tuwa | wong tani bêntil padha | iya Si Danurêjèku | padha wong tani lan sira ||

30. duk maksih Pringgalayèki | atiningsun Mangkupraja | anggung kêpyur-kêpyur [kêpyur-...]

--- 19 : 31 ---

[...kêpyur] bae | rasa-rasa lêstaria | pêparoning nagara | iya ingsun sêlak mutung | binabedhung Pringgalaya ||

31. tujune kasêlak mati | goningsun nimbangi arda | lawan parentahe dêlèr | wong papat sun patah-patah | iya ngrayudi desa | watarane lagi antuk | rongèwu sun kon mênênga ||

32. dene Pringgalaya mati | sayêktine Surakarta | nagara ilang bêlise | lamun sira mulih benjang | iku bumi rayudan | aturna ing anak prabu | gawanên mulih mring Sala ||

33. nanging ta parentah mami | bumi sambat Pringgalayan | kang sun kon ngrayudi kabèh | pasthi pitulunging Suksma | marang manungsa Jawa | patine Pringgalayèku | gawe kartaning nagara ||

34. lan ingsun takon sayêkti | sirèku turunne sapa | gya Mangkupraja wotsinom | wijil cêcêdhis paduka | gêgêbal kawêraga | pun nini katu lêmbayung | babêktan saking Sêsela ||

35. jêng sultan jêngêr tan angling | wusana ngandika latah | yèn mêngkono sanak ingngong | lah sira sapa kang nyana | mulane irêng sira | jêr sira têdhaking watu | gumêr kang para dipatya ||

36. sultan angandika aris | wruhanira Mangkupraja | wong akèh padha mêmoyok | kinira-kira yèn sira | wijil Andong kewala | gêdhe cilik pan gumuruh | kang padha gêguyu sira ||

37. pangucape wong moyoki | larang wong ing Surakarta | kanthong wulung kimpul amoh |

--- 19 : 32 ---

dadi pêpatihing raja | baya isine reyal | sanadyan rupane bagus | kanthong cindhe isi wingka ||

38. pasthi ora dadi patih | jalaran lamun malarat | pinilih kimpul kang amoh | kanthong wulung isi dinar | yêkti gêlis matêngah | Ki Mangkupraja ambêkus | macucu matur anyêntak ||

39. gusti sampeyan pribadi | awad-awad tiyang kathah | sintên kang purun mêmoyok | kula pêpatihing raja | dhasar putra paduka | ijab ta kèringanipun | kang moyok jungkêl kuwalat ||

40. sang nata gumujêng bêlik | iya Mangkupraja ora | satêmêne dudu ingong | Adhi Mas Natakusuma | kang padha cêcaturan | wong jaba goning angrungu | mangkono padha caturan ||

41. Dipati Mangkuprajèki | mucicil panolihira | Pangran Natakusumane | punapa inggih sampeyan | anggèr kang anggêgonjak | Pangran Natakusuma rum | hèh paman mung kangjêng sultan ||

42. sakin gumêr pra dipati | Pangeran Natakusuma | malèsèt ing kujiwate | matur nêmbah kyana patya | Dipati Mangkupraja | pan rayi dalêm pukulun | punika Radèn Supama ||

43. sampun kula suwitani | rumiyin wontên sawarsa | kula dados panêgare | gumêr malih pra dipatya | sultan suka miyarsa | wong bêlaka sêtya tuhu | Adipati Mangkupraja ||

44. abot bobote sayêkti | Adipati Mangkupraja | yèn mêngkono têtêkone | supangat [supanga...]

--- 19 : 33 ---

[...t] jêng nabi duta | rêmên lamun angucap | kang apês lêluhuripun | anyêngkakakên darajat ||

45. ya dene mantri panumping | têka magang anèng sira | dhimas apa prakarane | Pangeran Natakusuma | umatur awotsêkar | dene inggih dhusunipun | ginadhe pun Surajaya ||

46. pun Andong tinêbus inggih | pun Surajaya tan suka | sêdyane kinapokake | dene sok gadhèkkên desa | saru pangraosira | pun Surajaya pukulun | ing batine kamandaka ||

47. melik lohe ingkang sabin | kula matur rama tuwan | pun Surajaya sarune | duka rama jêngandika | edan Si Surajaya | ngêndhêt tinêbus desèku | iku mantrine sang nata ||

48. dene têka wani-wani | anggêgampang ing pratingkah | nuntên kula wadulake | dhatêng ing rayi sampeyan | Kakang Mas Purubaya | nuntên Sênèn enjingipun | sowan wontên pakapalan ||

49. enjingipun dèn ampiri | ing rayi dalêm kakang mas | kinèn cucul rasukane | katur ing rayi paduka | sinèlèh anèng ngarsa | nulya cinacahing wêdhung | kapêdhake pitung dasa ||

50. rasukan ajur wor siti | makatên dènnya dêduka | si mamak arêp gawe woh | sira nyalini pratingkah | sira arêp angrusak | marang nagaraning ratu | gumêtêr Surawijaya ||

51. tan ngalêsêt sawang mayit | utawi ing pagêlaran | pra dipati wus praptandhèr | tuwin rama jêngandika | mêningi sawêg prapta | tumut kêkês biyas acum [a...]

--- 19 : 34 ---

[...cum] | miwah sagung pra dipatya ||

52. rêrêp tan wontên cumuwit | tan wontên kang kolu nginang | dhêdhêp têkan waringine | tan wontên angin kang nêrak | tan wontên manuk munya | drajat punapa pukulun | inggih makatên punika ||

53. jêng sultan ngandika aris | sun adhi nora anduga | raka para siji kae | kala kartaning nagara | babada wadung têmpak | ing jro pra santana milu | kacêpuri kulon ika ||

54. kang nindhihi nambut kardi | iya Adhi Mas Purbaya | mubêng sarwi têkên lontop | singa kang duwe bubuhan | pra dipati santana | gumêtêr tan duwe bayu | yèn ênggone pinariksa ||

55. padha muji andhêridhit | aja kongsi winaonan | nadyan ingsun santanane | dhasar rapêt awor manah | prandene yèn adhi mas | têtilik bubuhan ingsun | kumêpyur sun têrataban ||

56. suwe ngadêg nèng gon mami | bocah ingsun loro pêdhak | kang gawa cèrèt lan jambe | padha dharêdhêg kalihnya | cèrète milu obah | miwah ingkang gawa kacu | jambene padha malêsat ||

57. nuli ingsun suwarani | dika kundur adhi lurah | gugupi wong nambut gawe | sawurine adhi lurah | sagung wong nambut karya | mantri kaliwon tumênggung | sami luwar saking maras ||

58. Adhi Mlayakusumèki | nuli ingsun pinaranan | tutur-tutur bubuhane | ana ingkang winaonan | marang ing adhi lurah | ulate langkung apayus | atine kêkês kewala ||

59. sapraptane wismanèki | adhi

--- 19 : 35 ---

Malayakusuma | nora mênêng sidhêkahe | kaping sapuluh sadina | lah iya Mangkupraja | wong mêngko tan ana tiru | kaya Dhimas Purubaya ||

60. Mangkupraja ingsun nêmpil | kuda ngong Si Bisawarna | idêrna rong idêr bae | iya dadia têtumbal | turăngga sampun mêdal | tinitihan tan adangu | jêng sultan tansah tumingal ||

61. têdhake saking turanggi | Adipati Mangkupraja | sultan alon timbalane | sira ngaliha barisan | mungsuhmu ana wetan | iya barisa kang patut | pakolèh wetan nagara ||

62. ing Kayuapak abêcik | nguni pabarisan ingwang | ing kono ingkang pakolèh | Mangkupraja tur sandika | lêrêsing karsa tuwan | cinarita rolas dalu | Adipati Mangkupraja ||

63. wontên nagari Matawis | kalangkung sinuba-suba | antuke kathah bêktane | ingkang sami rinayudan | bumi ing Surakarta | binêktakkên kalih èwu | mring Dipati Mangkupraja ||

64. ing benjing prasamya ganti | Adipati Danurêja | sowan mring Surakartane | apan roroning atunggal | budhal saking Mataram | Dipati Mangkuprajèku | sapraptanira Drêsanan ||

65. undhang budhalan kang baris | ngalih marang Kayuapak | gumuruh wadya budhale | upêsir lan pra dipatya | sami nindhihi bala | Dipati Mangkuprajèku | mampir sowan mring nagara ||

66. sapraptanirèng nagari | canthèl atur gya ngandikan | Dipati Mangkuprajane | praptèng byantara narendra | tur sêmbah sang dipatya [di...]

--- 19 : 36 ---

[...patya] | dhuh pukulun taklimipun | rama paduka jêng sultan ||

67. lan kawula dèn timbali | ing rama paduka sultan | rumiyin duk pangrayude | siti ing Kapringgalayan | pangrayude punika | êsahing parentahipun | inggih Dêlèr ing Samarang ||

68. dene karsanipun mangkin | rama tuwan kangjêng sultan | amrih sami salamête | Mangkupraja ngarah apa | anak kalawan bapa | mung karia ngurus-urus | ing bumi têngên lan kiwa ||

69. Si Pringgalaya ing nguni | angrakit angliya băngsa | kaya wong padu lawane | karo wong Nusakambangan | angreka amrih mênang | padha rumăngsa sirèku | Pringgalaya gambuhira ||

185. Gambuh

1. pitulunging Hyang Agung | Si Pringgalaya anuli lampus | yèn uripa agawe kakuning ati | ing pêparon amrih wurung | nuli malatukkên bêstrong ||

2. mêngko lêga tyas ingsun | Si Pringgalaya dene wus lampus | ora cipta ingsun mati ngalas maning | angrasa mati kinubur | miwah sidane pêparon ||

3. makatên usulipun | rama paduka sultan pukulun | baris kula punika kinèn angalih | wetan nagari pukulun | inggih kiwa têngên Suroh ||

4. tilasing barisipun | rama paduka nguni tinuduh | mring kang raka suwargi duk anglurugi | gangsal pangeraning mungsuh | nèng Kajêngapak makuwon ||

5. lawan ping kalihipun | kula binêktan sabin rongèwu | surupipun sabin gène angrayudi | ampas Pringgalayanipun | milane katur [ka...]

--- 19 : 37 ---

[...tur] sang katong ||

6. kajawi lêrêsipun | lênggahing patih kang kalih èwu | tigang atus sagêde Pringgalayèki | nanging ta bilih pukulun | wontên kang kocap lêlunggoh ||

7. ngandika sang aprabu | lah iya besuk Mangkuprajèku | timbangana iya bumi têngên sami | kang katut padha karayud | nuli ulihna mêngkono ||

8. dadia tata iku | bumi kang dudu rayudan iku | nora bingung pandume alus arêsik | yèn uwis rayudan iku | ngulih-ingulihkên ênggon ||

9. iya Mangkuprajèku | satimbalane turutên iku | iya nuli age ngaliha kang baris | Mangkupraja nêmbah matur | gih sampun kula kèn bodhol ||

10. Mangkupraja wus mundur | nèng jawi lajêng ing lampahipun | mring barisan Kayuapak praptanèki | ngundhangi para tumênggung | sami atata pakuwon ||

124. Pangeran Mangkunagara mundhut bumi sapratigan botên dipun parêngakên, lajêng duka, ambidhalakên bala badhe anggêpuk tanah pasisir, dipun tututi prajurit Kasunanan, Kasultanan lan prajurit Kumpêni.

11. kunêng ta kang winuwus | mungsuh kang baris Daha puniku | Pangran Mangkunagara putusannèki | mring dêlèr kang duta pangguh | nêdha bumi sapratêlon ||

12. nênggih wangsulanipun | Nikolas [Niko...]

--- 19 : 38 ---

[...las] Harting jro suratipun | iya apa rane wong mangkene iki | wong bêbeka bae iku | dadak jaluk sapratêlon ||

13. dhingin têka mêrucut | basane nir tan kêna ginugu | mêngko kudu ambalik milu Kumpêni | sapratêlon kang jinaluk | dhingin dèn wèhi saparo ||

14. nora kukuh sok angkuh | angkuhe kaya malekat iku | lah ta radèn kalahna salah sawiji | iya ratu roro iku | lamun ta nora mêngkono ||

15. ngêndi ta sênêngipun | ing ratu roro ênggoning nungkul | lamun nora ratu roro ananggoni | salah siji kang ananggung | iya lamun tan mangkono ||

16. măngsa kênaa iku | duk bêcik dhingin lan dêlèr undur | ya pagene nora wania pêpanggih | ngadi-adi têgêsipun | măngsa na wong kaya ingong ||

17. sapa kang wêdi iku | yèn durung asat sêgaranipun | yèn asata sêgara Samarang iki | Mangkunagara kang nawu | yèn mêngkono wêdi ingong ||

18. wau carakanipun | pun Mangunjaya tinulak sampun | palarasan lampahe tan antuk kardi | ing marga datan kawuwus | praptaning Daha kang kinon ||

19. marêk ing sultanipun | ngaturkên sêrat wêwangsulipun | ingkang saking Idêlèr Nikolas Harting | tinampan tinupiksa wus | têmbunging surat anocog ||

20. pangeran duk angrungu | saruning layang duka kalangkung | winga-winga kumêjot padoning lathi | ingundhangan balanipun [bala...]

--- 19 : 39 ---

[...nipun] | pangeran têngara bodhol ||

21. masisir nêdya gêpuk | lampahing baris asru gumuruh | pan angalèr wau kèndêl ing Matesih | baris Kayuapak ngrungu | sigra Mayor Istimolor ||

22. lumampah dutanipun | ajidan Rutan ingkang lumaku | mring Mataram sapraptanira Matawis | sampun katur suratipun | sampuning surat kawaos ||

23. ngundhangi balanipun | dandan kapraboning aprang pupuh | nanging sultan badhe tan tindak pribadi | sapisan ngalangi iku | dènnya mêmangun kadhaton ||

24. Danurja kang tinuduh | lawan Radèn Prawiradirjèku | lan angirid sagunge bupati jawi | prajuritira sang prabu | binêktakkên kang saparo ||

25. wadana jro kang kantun | sakawan pisan tan wontên tumut | sampun aglar ing alun-alun abaris | pra dipati wusnya ngujung | miwah Kapitan pan dar Pol ||

26. wus tabe lan sang prabu | sigra têngara budhal gumuruh | panganjure Ki Tumênggung Kartanadi | Tumênggung Martalayèku | kalihe andêl pakewoh ||

27. ing wuri kang sumambung | ing Garobogan radèn tumênggung | rame sami bêkilung balane bugis | Radèn Suwandi puniku | bugis andêling palugon ||

28. mung wolung puluh wolu | nulya kang rayi Tumênggung Warung | nênggih Radèn Căndrakusuma namèki | ing wurine pra tumênggung | nênêm lampahira golong ||

29. Tumênggung Singaranu | Jayasudirga Natayudèku | Pusparana [Puspara...]

--- 19 : 40 ---

[...na] miwah Jayawinatèki | tan awor sajuru-juru | ing wuri punggawa bobot ||

30. Radèn Răngga sumambung | Prawiradirja wadyakuswagung | ing wurine Dipati Danurêjèki | tan owah ing barisipun | kadya lampahe sang katong ||

31. jêng sultan kèndêlipun | ing karsanira mangun kadhatun | anyêlani maksih satêngahing jurit | pêpatih kinèn anglurug | kêbut kantun wadana jro ||

32. prapta ing Taji sampun | kang baris kèndêl ing tigang dalu | angêntosi wadya-wadyane kang kari | anggili ingkang anusul | wusnya tigang dalu bodhol ||

33. salin panganjuripun | Bupati ing Garobogan Warung | lan Sêsela Pakêr Karas sami nunggil | anglurug ing lampahipun | makuwon dhusun ing Banyon ||

34. sadalu budhalipun | ngalèr angetan sampun atêmpur | baris Kayuapak budhal angênginthil | anèng Sukawati kumpul | pan dar Pol lan Istimolor ||

35. sami amangun rêmbug | dene kang mungsuh têbih anglurug | sampun nabrang wukir Kêndhêng sawadyèki | makuwon Sêgaragunung | enjing budhalira ngalor ||

36. dadya ing rêmbagipun | baris Giyanti wetan lumaku | baris Surakarta kilèn lampahnèki | sarêng ngalèr parêng maju | datan enggal datan alon ||

37. ngilat lampahing mungsuh | gêlare gubêd ingkang kinawruh | wau Pangran Mangkunagara wus ngancik | têlatah ing Cêngkalsèwu | lajêng ngalèr ngasmarèng

--- 19 : 41 ---

jog ||

186. Asmaradana

1. sampun angadêg ing Pathi | Pangeran Mangkunagara | busêkan pasisir gègèr | nèng Pathi lajêng mangetan | samarga angrêrayah | nagri kalintangan gêmpur | tan ana kuwat anglawan ||

2. baris kang sami nututi | wong Giyanti Surakarta | wus sami nabrang Kêndhênge | kèndêl sawetaning Dêmak | Dipati Mangkupraja | Dipati Danurêjèku | gantya anginthil tut wuntat ||

3. angetan anjog ing Pathi | wus lajêng anèng ing Rêmbang | Dipati Danurêjane | Pangeran Mangkunagara | ing Lasêm wus binêdhah | rinayah dunyane gêmpur | wisma sami ingobongan ||

4. Pangran Mangkunagarèki | wadyane atur uninga | yèn kang nututi praptane | wong Giyanti Surakarta | wontên ing Pathi Dêmak | anulya gepak mangidul | Pangeran Mangkunagara ||

5. saking Lasêm ngidul sami | masanggrahan lèpèn Pêgat | sadina baris lampahe | ngancik tanah ing Balora | salèring Selakêpyak | baris kang samya anjujul | Istimolor Mangkupraja ||

6. rakite mèh anglancangi | sampun ngancik sela-sela | sira Mayor Istimolor | pan dar Pol lan Danurêja | nèng sela-sela têbah | Dipati Danurêjèku | ragi gêrah mila randhat ||

7. tan pati sangêt panastis | milane binagi lampah | parentahira pan dar Pol | jalan kaki pan sadaya | milua ki dipatya | lan prajurit Jawa iku | kabèh kang

--- 19 : 42 ---

padha andharat ||

8. ngumpula bapak dipati | lan kang nindhihi pikulan | Tumênggung Natayudane | Tumênggung Jayasudirga | miwah Jayawinata | Pusparana Singaranu | padha sira angaria ||

9. ngiringa bapak dipati | dèn alon ing lakunira | dene kang barêng lan ingong | sagung prajurit turăngga | Răngga Prawiradirja | Dipati Grobogan Warung | Kartanadi Martalaya ||

10. Pangran Pakuningrat kari | lan Pangeran Natabaya | iku gêdhuging lakune | nindhihi prajurit dharat | rumêksa Danurêja | wus dadya wau kang rêmbug | pan dar Pol têngara budhal ||

11. kapêthuk dutanirèki | kang abaris ing Sêsela | sira Mayor Istimolor | pan dar Pol lampahe sigra | prapta baris Sêsela | kèndêl amangun pirêmbug | dene mungsuh kèndêlira ||

12. sêmune kaya ngêntèni | anèng alas Selakêpyak | pikirane Istimolor | nora pasaja ngarenah | alingan bênêrira | mungsuh iki padha buru | nanging yèn mogok pan sira ||

13. ingkang wajib gitik dhingin | karana jêr ratunira | sultan kang wus duwe sagoh | anyirnakakên ing mêngsah | rêgêding tanah Jawa | kabèh sultan kang wus sanggup | mring tuwan gurnadur jendral ||

14. sayêkti pukulên dhingin | iku ana Selakêpyak | apan iya ratuning ngong | Sang Prabu ing Surakarta | tan duwe sêsanggupan | dadi iya lakuningsun | ngawali ngatêr kewala ||

15. pan dar Pol saurirèki [saur...]

--- 19 : 43 ---

[...irèki] | nadyan silih mangkonoa | wong ana têba mangkene | bok aja nganggo micikan | barêng mara kewala | dene kang aprang rumuhun | pasthine ingsun kewala ||

16. puluh-puluh ratu mami | jêr wus sanggup marang jendral | saking iya kadugane | iki ratuku tan ana | ewuh akarya kutha | Istimolor pitulungmu | iya ingsun kêtêbana ||

17. Radèn Răngga kang tinari | pan dar Pol yèn tari mring wang | iya ngêntèni bêcike | Ki Dipati Danurêja | tuwin kănca wadana | pan iya kang padha kantun | tuwan rêmbug ing akathah ||

18. Mangkupraja anambungi | puniku gih bênêr anak | wau kapitan pan dar Pol | Istimolor ulatira | ngêdhèpi lirikira | pan dar Pol sugihe padu | tinarka takut kewala ||

19. êling taliti prajurit | putune Amral Baritman | duk aprang Surabayane | senapati măndraguna | satuhu prawirèng prang | dènira muwus asêndhu | mring Răngga Prawiradirja ||

20. basakêna sira iki | hèh Răngga Prawiradirja | tinari ngrubêdi bae | wêdi mring Mangkunagara | anglurug apa guna | eman sultan miyarèku | gawe bupati ing sira ||

21. sakala kadi sinêbit | Dyan Răngga Prawiradirja | muwus angingêr dhuwunge | iki Walănda kêparat | apa ta tarèn sira | iya apa ngajak ngamuk | nora ewuh saur ingwang ||

22. dene sira lagi tari | mangkono

--- 19 : 44 ---

sêsaur ingwang | yèn ngajaka ngamuk bae | măngsa dadak sêsambata | pan dar Pol bêngis mojar | mèh brêwala padha batur | malah dadi sêsapihan ||

23. Prawiradirja abêngis | dudu watak wêdi pêjah | yèn wong Kasultanan kabèh | tate ginarumung ing prang | lah payo barêng mangsah | bêdhilên yèn ingsun mundur | kowe mundura tak tumbak ||

24. sakin agêng napsunèki | angawêt lambene nêdhas | angabani dragundêre | têngara tambur umangsah | nandêr marani mêngsah | Dèn Răngga wus nandêr mamprung | nusul tan nêdya mundura ||

187. Durma

125. Pêpêrangan ing Selakêpyak. Kapitan pan dar Pol tiwas.

1. kawuwusa Pangeran Mangkunagara | kèndêl sawadyanèki | bala sami sayah | sakenjing lampahira | galinggang ing kanan keri | samya pinarak | lawan kang para rabi ||

2. wong saragni abang lan wong pêrang tandang | kang baris anèng ngarsi | saragni rêng lawan | mranggo sami mangarsa | Kapitan pan dar Pol prapti | panunjangira | saking kilèn bêdhili ||

3. sami kagèt praptane mungsuh tan swara | anubruk saking keri | dadya pêdhot têngah | baris Mangkunagaran | arame bêdhil-binêdhil | Prawiradirja | parêng panunjangnèki ||

4. barising mêranggo lawan pêrang tandang | saragni irêng abrit |

--- 19 : 45 ---

rame campuh lawan | Răngga Prawiradirja | caruk rok ungkih-ingungkih | wau Kapitan | pan dar Pol anadhahi ||

5. mantri lêbêt lawan mantri kawan dasa | Kudanawarsa aglis | têtulung manêngah | pan dar Pol malang kadhak | binêdhil datanpa osik | alatah-latah | mung pistul kang kinardi ||

6. ngawe-awe parentah dragundêrira | kêstule mobat-mabit | wau Radèn Răngga | Prawiradirja prangnya | riwut pangamukirèki | wong gulang-gulang | nirbita angingêri ||

7. langkung rame Kumpêni wus kathah pêjah | pan dar Pol datan gigrig | langkung wantêrira | karsa nubruk kewala | pangeran kang dèn ulati | datan kapêdhak | panggenane atêbih ||

8. Pangran Mangkunagara pan lamat-lamat | samar swaraning bêdhil | kang ngadhêp pangeran | amung wadya kapêdhak | ingkang samya ngampil-apil | mung kalih dasa | lawan kang para rabi ||

9. angandika Pangeran Mangkunagara | swaraning apa iki | kalamun bêdhila | dene iya tan ana | kang awèh wêruh ing mami | lamun mungsuha | iya têka ing êndi ||

10. dene maksih adoh wau goning mêngsah | anèng lèr Kêndhêng maksih | nulya wau nyandhak | tabuh bêndhe pangeran | ginitik galinggang aking | muni kumênthang | pangeran ngandikaris ||

11. boya bocah padha gitiki galinggang | lamun bêdhili iki | surake tan ana | padha mênêng kewala | tan ana graita jurit | gène pangeran | surak [sura...]

--- 19 : 46 ---

[...k] tan kapiyarsi ||

12. datan arsa kinarubut yudanira | katri punggawa sami | Suwandi Grobogan | Warung Căndrakusuma | Radèn Prawiradirjèki | nyèkêt watara | prajurit kang bêbêdhil ||

13. mantrinipun Tumênggung ing Garobogan | Ănggabahu gêng inggil | pinayungan pêthak | bajo baludru abang | kotang satêbah rendèki | lancinganira | panji baludru wilis ||

14. Ănggabahu wantêr kinèn asêsumbar | rêbutên ing ajurit | Pangran Natabaya | putra Natakusuman | kinudang boboting jurit | Mangkunagara | ngatona sun kêmbari ||

15. Ănggabahu binendrongan ing sanjata | mandhapan kudanèki | anunjang kewala | Răngga Suryanagara | prasami ngiring ing wuri | tanaganira | Ănggabahu tan ajrih ||

16. payo Mangkunagara amêdhatia | ngusunga obat mimis | bêdhilna maring wang | iki Si Natabaya | kang miyarsa gègèr sami | Kudanawarsa | giwar manjing wanadri ||

17. sru binêrêg ring Răngga Prawiradirja | myang Suryanagarèki | Dyan Căndrakusuma | mêlak pambujungira | mawur Kudanawarsèki | prajuritira | kuwur arêbut urip ||

18. kantun wontên wolulas wus tilar kuda | mung Danawarsa maksih | ingkang nitih kuda | wonge kari wolulas | siji datan ana maksih | ikêt-ikêtan | areyab-reyab sami ||

19. palayune abingung pan ora nyana | cêlak gènirèng gusti [gu...]

--- 19 : 47 ---

[...sti] | wau Danawarsa | lawan wonge wolulas | jêdhul saking alas prapti | gènya pangeran | kagyat nulya kaèksi ||

20. Danawarsa marêk anuntun turăngga | pangran angrês ningali | maras ulat biyas | jêngêr pangungunira | mantri jro ana ing êndi | prajurit samya | kabèh ana ing êndi ||

21. mêgap-mêgap ature Kudanawarsa | inggih sami ajurit | mantri lêbêt samya | dragundêr lawaning prang | kula kang nadhahi jawi | langkung prawira | wantêr alah Kumpêni ||

22. kêkasihe Pangran Arya Natabaya | tan kumêdhèp binêdhil | gêng inggil sambada | putra Natakusuman | kamantu Sultan Giyanti | agêng agagah | têtêp prawirèng jurit ||

23. simbar jaja godhèg netrane ngatirah | kathah remane buntit | lakune ngêdhaplang | wulu kempol amawar | ngêmbang lampês ngathi-athi | uwange malang | singsêt kadya Indrajit ||

24. binêdhilan binendrongan kinathahan | tan keguh tan mraduli | magêrsarinira | kadi kathah wong sabrang | kalih bêlah winitawis | ambêg sudira | angrok tandange sami ||

25. kadya wil kang umiyat daging gubras rah | tan kêni dèn tanggêni | anubruk angidak | pangeran sru ngandika | ya si koplo iku pasthi | ingkang anama | Pangran Natabayèki ||

26. tan adangu kathah prajurit kang prapta | mêdal pating kulicir | kinumpulkên samya | kene padha lerena | nulya mantri jro kaèksi | rusak [rusa...]

--- 19 : 48 ---

[...k] tatanya | ngalênthar angulicir ||

27. pangran duka hèh asu mantri jro padha | mêngkono polahnèki | dene tan sêmbada | angkuhmu ngingkrak-ingkrak | mantri jro ajrih miyarsi | gustinya dharat | sadaya mudhun aglis ||

28. sampun kathah prajurit palajêngira | kaliwat sami bali | wruh ing gustinira | kèndêl sampun andharat | Pangeran Tumênggung Langit | nêmaha nekad | wus tata ngapit margi ||

29. dyan kapyarsa mungsuh tambure dhêrandhang | pan dar Pol anututi | wontên pitung dasa | mung dragundêr kewala | Kumpêni slam datan mawi | tuwin wong Jawa | dangu kapisahnèki ||

30. aprang wana nêmu mungsuh sowang-sowang | milane datan kongsi | tulung-tinulungan | saking angèling papan | alas bondhot sarta êri | pan dar Pol prapta | anèng ngajêng pribadi ||

31. pangran sigra dènnya anyandhak watangnya | mantri jro giyak sami | tuwin gulang-gulang | nirbita kering kanan | mangsah sarêng anumbaki | drèlira kêndhat | wus kathah dèn tumbaki ||

32. Kapitan pan dar Pol amistul sapisan | angsal mantri ngêmasi | lajêng narik pêdhang | mobat-mabit amêdhang | tinadhahan kanan kering | wuri ing ngarsa | ginarumung ing jurit ||

33. dragundêre wus kapisah ing ngajêngan | tumpês tan ana kari | pan dar Pol pamuknya | dangu kinandhang-kandhang | bebas ingkang marêpêki | sinabêt pêdhang | pêpêt ingkang ngêmasi ||

34. ingkang tatu pan dar Pol ing pêdhangira | sapuluh [sa...]

--- 19 : 49 ---

[...puluh] malah luwih | pan kadi andaka | kabranan pamukira | kinathahan kanan kering | wuri ing ngarsa | pinarbutan ajurit ||

35. kudanira pan dar Pol rumiyin rêbah | tibanira aguling | sigra ingêbrukan | pan dar Pol pêjahira | kèndêl wau kang ajurit | Kumpêni pêjah | pitung dasa kêkalih ||

36. amung Lutnan Beman andhêlik ing jurang | pan kongsi kalih latri | wau ta Pangeran | Mangkunagara nacah | bandhangan sanjata karbin | pan pitung dasa | pêstul pêdhange sami ||

37. miwah turanggane pitung dasa pisan | pêpitu sami kanin | têtiga kang pêjah | sawusnya lajêng budhal | mingsêr sakidulirèki | ing Selakêpyak | mulat jêjurang kalih ||

38. sirahira pan dar Pol sampun tinigas | wontên sêlir satunggil | nama Ni Bok Niyat | kaul amondhong sirah | sirahe pan dar Pol nênggih | ing laminira | pan amung tigang latri ||

39. wau ingkang nalasah dangu kapisah | duk kala rame jurit | lan sakancanira | Răngga Prawiradirja | wus panggih tumpês ing jurit | sadragundêrnya | pan dar Pol wus ngêmasi ||

40. nulya wau mantrine sakawan panggya | ngaturi Ki Dipati | Danurja wangsula | dhatêng nagri ing Rêmbang | pan dar Pol tumpês ing jurit | nèng Selakêpyak | mantri sigra lumaris ||

41. wus kapêthuk Adipati Danurêja | ingaturan udani | wangsul dhatêng Rêmbang | miwah kang baris Sela | mingsêr nabrang Kêndhêng malih | kèndêl nèng Dêmak [Dê...]

--- 19 : 50 ---

[...mak] | ngupaya bumi malih ||

42. anèng Rêmbang Lutnan Beman praptanira | têlanjang donya ênting | sagung wong Walănda | sakantun-kantunira | pinurugakên Samawis | lawan anêdha | bantu malih Kumpêni ||

43. tan alami prapta malih bantunira | dragundêr ingkang prapti | wolung puluh papat | lajêng apirêmbagan | lan mayor mangidul malih | sarêng budhalan | wau lampahing baris ||

44. anjog Sukawati malih ngidulira | mungsuhe wangsul malih | baris anèng Daha | inggih kilèn Kaduwang | baris Surakarta nênggih | wangsul barisnya | mring Kayuapak malih ||

45. barisira Ki Dipati Danurêja | kèndêl ing ardi Wujil | sampun tur uninga | mring jêng sultan prangira | tumpês pan dar Pol duk jurit | nèng Selakêpyak | langkung ngungun narpati ||

46. nênggih wontên sumêlangira jêng sultan | dene prajurit jawi | tan wontên kang pêjah | mung Kumpêni kewala | layang pratelanirèki | pan mèh brawala | Kaptin pan dar Pol nênggih ||

47. kudu mangsah dèn Răngga Prawiradirja | mikir ingajak nganti | kancane ing wuntat | miwah Kyai Dipatya | Danurêja misih kari | pan dar Pol mêksa | kêdah ngamuk pribadi ||

48. tinurutan sami kasêrêng kalihnya | singa mundur ing jurit | tinumbak piyambak | pan dar Pol janjinira | lawan Prawiradirjèki | sami kêrasnya | nora ngetung mêmanis ||

188. Dhandhanggula

1. dènira jêng abrawala nênggih | pasamuwan pra dipati kathah |

--- 19 : 51 ---

nèng baris Surakartane | pan dar Pol milanipun | kudu ngamuk tan nganggo pikir | mring Istimolor ngampah | kapurunanipun | taliti dèn undhat-undhat | kang anyapih Dipati Mangkuprajèki | lawan Kapitan Sungrat ||

2. sami kêras sami mangsah jurit | sami macuh lan Prawiradirja | mingkêda tinumbak dhewe | jêng sultan duk myarsèku | pratelane angsah ing jurit | lêga măngsa dadia | ing rêrasan iku | Danurja datan alama | dènnya baris nênggih anèng ardi Wujil | anulya tinimbalan ||

3. kang atêngga baris ngardi Wujil | têtindhihe Pangran Pakuningrat | Răngga Prawiradirjane | pêpitu pra tumênggung | tigang atus bala Kumpêni | praptane Danurêja | kinèn tumut nyambut | angenggalakên kadhatyan | miwah ngloji lêlarèn kang dèn bêciki | mangkana kangjêng sultan ||

4. kintun sêrat marang ing Batawi | mundhut marang ing gurnadur jendral | Kapitan Dongkêl ing mangke | mindhaka lênggahipun | asamia lan Molor nênggih | mayor kasenapatyan | jendral sampun nurut | Kapitan Dongkêl wus minggah | nama mayor senapati ing ajurit | lan Istimolor papak ||

5. Mayor Dongkêl basane Kumpêni | Mayor Dungkur yèn ing basa Jawa | malah Jungkur ta kaprahe | yêktine Mayor Dungkur | sultan langkung agêng sihnèki | pangwasa rèhing aprang | wus atimbang sampun | salamine nora mapak | ing pangwasa Molor kang agêng pribadi | sosoran Sultan Amral ||

--- 19 : 52 ---

126. Pangéran Mangkunagara rêraosan kalihan para punggawa badhé nungkul.

6. kunêng ingkang kawuwusa malih | mungsuh Pangeran Mangkunagara | kang anèng Daha barise | ngêlar-êlar panganjur | mantunira ingkang tinuding | Radèn Sumanagara | pacak baris tugur | anèng Ponjong pangungangan | binêktanan prajurit Tanusastrèki | kalawan gulang-gulang ||

7. narubakên Wukirkidul sami | Grogol Payaman Sampar Paliyan | wong desa wus tarub kabèh | pêparon lampahipun | wong desane acungan maksih | ing Pangran Pakuningrat | kang abaris tugur | lan Răngga Prawiradirja | Pangran Natabaya anèng ardi Wujil | Radèn Sumanagara ||

8. sungkawagung dènira prihatin | cipta kesahe kadang waraga | yayah lan ibu pisahe | ènthèng mring garwanipun | putra Mangkunagaran nênggih | lan angeja wêkasan | wêkasaning laku | maratuwane punika | Pangran Mangkunagara durakèng bumi | mungsuh lan wong sajagat ||

9. para ratu loro lan Kumpêni | apa marga unggula ngayuda | pan wus luput paekane | mangkana wus anuduh | dhêdhêmitan marang Matawis | tur surat ingkang bapa | Sumanagarèku | mring Dipati Jayaningrat | yèn wontêna pangapuntên kang sayêkti | ing gusti kangjêng sultan ||

10. kula ngaturakên pati urip | dinasihna malih ing jêng sultan | tobat [to...]

--- 19 : 53 ---

[...bat] inggih sayêktine | anut panggawe luput | praptanira suratirèki | marang ing sira bapa | sêrat lajêng katur | jêng sultan lajêng parentah | para mantri Mataram ingkang tinuding | sami santananira ||

11. inglokakên sami anglurugi | tindhih Pangran Arya Natabaya | ing aprang seda patine | bêkta saragni cênthung | kawan dasa saragni malih | talakup kawan dasa | wong anirbayèku | horêg wong wukir sadaya | lamun Sumanagara kang dèn lurugi | ing Pangran Natabaya ||

12. baris undhang sami ngati-ati | mungsuh gêdhe iki ingkang prapta | Pangeran Natabayane | angirid baris agung | pagunêman kang para mantri | upama nadhahana | pan kagêdhèn mungsuh | rêmbug sami ngoncatana | dupi dalu prapta caraka Matawis | para sadu anamar ||

13. têngah wêngi Sumanagarèki | minggat lawan wong roro balaka | mung kari siji tumbake | kathah dandananipun | kang katilar datan katolih | satêngah wêngi lêpas | dènira lumaku | enjinge sami aseba | lungguh gulang-gulang lan Tanusastrèki | takon mring Wiraguna ||

14. Wiraguna Mantri ing Matawis | kang angêmong mring Sumanagara | pakuwone mamring bae | bêndara tan kadulu | linêbonan bêdhah ing buri | têtela lamun minggat | Sumanagarèku | sigra lurah gulang-gulang | Tanusastra angrampog Wiragunèki | pêjah lajêng tinigas ||

15. gègèr lorod sakathahing baris | Pangran Natabaya praptanira [pra...]

--- 19 : 54 ---

[...ptanira] | kinodhol nadhahi lèrès | mangetan lajêngipun | sarwi bêkta sirahing mantri | Ngabèi Wiraguna | pan pamomongipun | ing Radèn Sumanagara | duk samana wus amor baris Matawis | panggih santananira ||

16. kèndêl sakala baris Matawis | wau Pangran Arya Natabaya | wong sa-Gunungkidul kabèh | tinarubakên sampun | tinanêman mantri kêkalih | mantri bumi kewala | ingkang sampun tarub | sawêg cacah kalih dhomas | ingkang nungkul mring Pangran Natabayèki | pacak baris Payaman ||

17. urut Sêmbuyan dhomas pribadi | dèrèng nungkul angladèni Daha | Pangran Mangkunagarane | anèng Daha pan anggung | akasukkan ngarêm-arêmi | mring kang abdi sadaya | kinarya nênungkul | ngabên singa lan maesa | duk punika kagyat kang baris pangarsi | prapta ambêkta sirah ||

18. praptanira matur saha tangis | lurah gulang-gulang Tanusastra | katur kang putra inggate | kang kacandhak pukulun | pamomonge kula pêjahi | Ngabèi Wiraguna | katur sirahipun | wau pangran duk miyarsa | jêtung lêngêr-lêngêr dangu datan angling | ngungun kaya matia ||

19. ingkang putra miwah ibunèki | apan sami sinungan pawarta | lamun kang putra oncate | balik marang Matarum | sami nangis garwa bunèki | pangeran anggraita | ing batinanipun | wantu wong kadanan rasa | bisa minggat wong cilik mukti sathithik | iya bisaa tanak [ta...]

--- 19 : 55 ---

[...nak] ||

20. kasangsaya panduming pangèsthi | kari tuwa tan kêna sinêngka | marambate wilalate | Paman Purubayèku | iya nguni ingkang nanggupi | anadhahi wilalat | mêngko têka lampus | nimbali Kudanawarsa | kang tinari kaya paran polah iki | enake linakonan ||

21. têka apês bakale wak mami | Kudanawarsa matur tur sêmbah | suwawi sami nunggile | yèn paduka anungkul | inggih dhatêng ratu kêkalih | pundi kinarsakêna | Sala lan Matarum | payo pinikir ing kathah | enak êndi ing Sala lan ing Matawis | miji rolas parbatan ||

22. pangran mêdalakên suratnèki | ingkang saking Prabu Surakarta | kinèn amaos têmbunge | katura taklimipun | Sang Aprabu Surakartèki | wiyose kakang êmas | Mangkunagarèku | pun kakang botên angrasa | kula mangke lola madêg narapati | tan wontên kang amonga ||

23. gih pun kakang kawula aturi | kondur dhatêng nagri Surakarta | punapa pun kakang supe | nguni ingambil sunu | inggih dhatêng rama suwargi | sandhang pangan rinêksa | dhatêng kangjêng ibu | punapa kangmas tan cipta | amalêsa dadah dulang kala alit | samangke kula lola ||

24. madêg ratu tan wontên ngêmongi | mila nuntên pun kakang kondura | wus titi tamat surate | surat saking Matarum | saking sultan pinundhut aglis | prapta kinèn maosa | surat têmbungipun | ing sawuse salam ingwang | kulup [kulu...]

--- 19 : 56 ---

[...p] Mangkunagara iya sirèki | apa wis babar pisan ||

25. uwis ora tolih marang urip | suka nêmu pati siya-siya | wus nora ketung wijile | sida darung kalurung | aku iki yèn kowe uwis | matês panekadira | iya măngsa wurung | lêburmu tanpa kukuban | angungsia maring sadhasaring bumi | sajabaning akasa ||

26. lamun uwis mêtu bêdhat mami | mari ngetung awit tunggal darah | kacandhak ngasta ngong kene | luluh nèng astaningsun | anjaluka tulung Jabrail | măngsa bisaa nulak | ing kadibyan ingsun | mumpung durung matês ingwang | hèh ta kulup eling-eling dèn aeling | ngosikkên pakuning tyas ||

27. sampèning pakarti surat iki | mara padha pikirên ing kathah | Kudanawarsa ature | yèn nêdya pikir nungkul | prayogine dhatêng Matawis | apan rama paduka | susah mawi atur | abakuh ing mêmanahan | yèn wontêna walêr sangkêring Kumpêni | kuwawi ananggunga ||

28. rayi dalêm ing Surakartèki | wantu timur pan dèrèng santosa | Kumpêni sănggarunggine | miji rolas tinantun | misih arêbutan gilig |[3] ana ingkang sampêlah | dèrèng sagêd matur | dangu-dangu aturira | makatêna aprasasat kirik gudhig | botên jinis manungsa ||

29. inggih sintên kang botên udani | lamun sultan apan maratuwa | nadyan sêmut graitane | amêsthi walatipun | punapaa dèn bêngkêlahi | mangke wus kalampahan [kala...]

--- 19 : 57 ---

[...mpahan] | têka mingak-minguk | sintên ngarani manungsa | buwang dhadhu kalah sirna mênang ngambil | jêr sampun jêjaragan ||

30. bapa maratuwa dèn wanèni | sapa sintên tan wruh ing duraka | sirêp kasor sadayane | wus sami mangartèku | pikir liya kang dèn ulati | ngungsi maring Walănda | dêlère kapaung | angolok-olok barungas | yèn pênêde wontêna ingkang tinuding | mring Batawi piyambak ||

31. sigra pangran engêt animbali | mring Ki Ngabèi Sêcadirana | ratu bêndara êmbane | Ki Sêcadiranèku | apan inggih sutanirèki | Dipati Citrasoma | Jêpara kang sêpuh | tinanêm ing Surabaya | sapocote saking nagri Surawèsthi | tinanêm ing Juwana ||

32. bêdhah dening Pangran Mangkubumi | ngungsi ngloji Ngabèi Juwana | lajêng binêdhah lojine | patine Petor Pangus | pan kacandhak Cadiranèki | kaboyong mring pangeran | sanak rabinipun | mring Sukawati binêkta | Kyai Sêcadirana nulya kinardi | ngêmbani gustinira ||

33. nulya ratu bêndara akrami | angsal Pangeran Mangkunagara | êmbane binêktakake | punika purwanipun | Cadirana badhe tinuding | lawan Patramênggala | nênggih kanthinipun | Patramênggala wong Têgal | abdinira nguni Pangran Mangkubumi | mangke wontên kang putra ||

34. kang ibu tus marang ing Batawi | bêkta suratira jêng pangeran | cêcolongan ing lakune | yèn wus prapta ing laut | yêkti kêna [kê...]

--- 19 : 58 ---

[...na] ngaku kang nuding | surat badhe katura | marang ing gurnadur | mêsat Caraka kalihnya | pamancale nêdya saking nagri Têgil | kunêng malih kawarna ||

127. Prasetyanipun prajurit Madura dhateng Kangjeng Sultan.

35. kang akarya nagri ing Matawis | langkung pelag wangunaning praja | kèh toya rata sitine | agêlis arjanipun | tiyang alit kathah kang prapti | kang sami tumut wisma | sêngsêm sitinipun | jêmbar radin mirah toya | karya kitha sinambi paron nagari | Dipati Danurêja ||

36. marang Surakarta kaping kalih | tinimbangan ping kalih lumampah | Dipati Mangkuprajane | katon ing rukunipun | pêpalihan samia aris | kang asok kang atămpa | sami sukanipun | kasaru surat kang prapta | nèng Matawis surate Jendral Batawi | kang tinampan ing sultan ||

37. wusnya tabe jendral suratnèki | mila sultan têka ngeca-eca | gih dèrèng sirna mungsuhe | gampang karya kadhatun | mênggah pura miwah ta loji | lêstari nambut karya | yèn wus sirna mungsuh | apan lami dèrèng sirna | misih karya mêndhêt dagangan Kumpêni | paran karsane sultan ||

38. paran kirang kapraboning jurit | dèn lairna barang kêkirangan | sultan duk miyarsa kagèt [ka...]

--- 19 : 59 ---

[...gèt] | ngundhangi balanipun | asiyaga kaprabon jurit | kèndêl kang nambut karya | sultan wus anuduh | Istimolor Mangkupraja | dhinawuhan sultan ngarsakkên tumuli | arsa anggêcak mêngsah ||

39. Pangran Mangkunagara miyarsi | lamun sultan pan arsa anggêcak | angundhangi prajurite | dhingin abudhalipun | apan arsa dhatêng pasisir | lan arsa ngampirana | ing Radèn Mas Guntur | iku mundhut ênggènira | Dènmas Guntur Wiratmêja kang sêsiwi | Rahadèn Wiratmêja ||

40. Pangran Têpasana kang sêsiwi | Wiratmêja punika kang tuwa | Susunan Kuning kang anèm | pêjah Wiratmêjèku | ibunira dipun rabèni | mring Radèn Martapura | dadya Dènmas Guntur | kuwalone Martapura | pêjah Martapura wonge kumpul sami | wontên ing radèn êmas ||

41. pan ing nguni sampun amanggihi | dhatêng Pangeran Mangkunagara | ingampiran panggenane | ingalih namanipun | mring Pangeran Mangkunagari | Pangran Anom kang nama | kinèn sampun tumut | mangidul mring tanah Pajang | umadêga baris anèng Kêndhêng wukir | ngumpulna wong kang kathah ||

42. mangkya Pangran Mangkunagarèki | sigra budhal saking baris Daha | angalor wau lampahe | praptane ing Kumuncup | Dènmas Guntur sampun apanggih | Pangeran Anom kathah | ing prajuritipun | kawan atus kêkapalan | gangsal atus kang dharat tan waras siji | sami maling sadaya ||

43. wus pinanggihakên ningkahnèki | Dènmas [Dè...]

--- 19 : 60 ---

[...nmas] Guntur lawan putranira | Dèn Ajêng Sombro ing mangke | Bok Sumanagarèku | wus mangkana kang putra nênggih | tinilar angadêga | wukir Kêndhêngipun | wus amacak pra punggawa | sami maling pêthut kinarya bupati | lan idine kang rama ||

44. Nalayuda sinung namanèki | nênggih Tumênggung Ujung Sabata | ing wilêt dhusun Salawe | Tumênggung Gandhuwaur | Singatruna panglawe Pakis | kathah ngabèi dêmang | malih kang winuwus | sultan samakta busana | kadya giri dahana mêpak kang baris | ing alun-alun amyang ||

45. ingkang badhe tinilar nagari | punggawa bumi Jayawinata | Sindusastra ing kanthine | Kumpêni putih satus | kalih atus Islame kari | Sèlèng kapitanira | dene Islamipun | Kapitan Kisêr punika | pun Kapitan Tolong ingkang asêsiwi | prawira ing ayuda ||

46. atêngara budhal sri bupati | nitih kuda Kyai Bisawarna | gumuruh mriyêm urmate | kadya prawata guntur | panganjure wus andhingini | gumrêgut lampahira | wadyagung gumuruh | gêgaman marwata kobar | lampahira ing margi datan kawarni | prapta dhusun Babadan ||

47. wadyanira pan kadya jaladri | pirang-pirang papan kaèbêkan | Mayor Istimolor age | sowan maring sang prabu | Istimolor wusnya pêpanggih | ngaturakên pawarta | panggènaning mungsuh | wontên Kumuncup samangkya | ningkahakên putrane ingkang pawèstri | lan Radèn Wiratmêja ||

48. wartinipun [wartinipu...]

--- 19 : 61 ---

[...n] anak Sunan Kuning | kang anama Wratmêja punika | Susunan Kuning kang gawe | sultan angandikarum | pulunane lan Si Garêndi | lah payo nuli mangkat | sanggone jinujul | mayor sira kongkonana | lamun mungsuh badhe ngubêk ing pasisir | dêlèr parentahira ||

49. maring para bupati pasisir | dèn samakta lamun ingsun prapta | wus apêpak gêgamane | Mayor Molor sigra wus | pamit nulya praptanirèki | sampun akarya surat | lajêng dutanipun | ing wuri tangara budhal | animbangi wetan baris ing Matawis | kilèn wong Surakarta ||

50. budhal enjing sultan sawadyèki | pan sadina dènira lêlampah | ing Majalasan kèndêle | baris Surakartèku | amakuwon ing Rajêgwêsi | angantos kang macalang | prajurit panganjur | lampah arsa ginêlaka | adat mungsuh bêrosot jêbul ing wuri | milane maja wuntat ||

189. Pangkur

1. jêng sultan aparing surat | animbali Madura kang sapalih | ingkang sami baris tugur | anèng loji Tapêlan | Radèn Panji Kartasari kang asêpuh | kang nèm Panji Kartayuda | kalihe pinaringan kris ||

2. Carawangsul kandêlan mas | sami wawrat kalihe ngênêm tail | êmas rêgi molulikur | kalawan èpèk renda | katimang mas gangsal tail wawratipun | lawan turăngga nyatunggal | saparabot saput ranti ||

3. lawan waose nyatunggal | kalih pisan go Dhimas Ginarandim | gandhèk [gandhè...]

--- 19 : 62 ---

[...k] wau kang ingutus | praptanira Tapêlan | dhinawuhkên kangjêng sultan suratipun | Radèn Panji kalih pisan | andhêku dènnya nampèni ||

4. pinêtêk ngêmbun ping tiga | duk winaos ing Panji Kartasari | nampani surat kang sêpuh | bêbukaning kang surat | pèngêt ingkang sêrat Jêng Sultan Matarum | kulup dhawuhna mring sira | Kartayuda Kartasari ||

5. iya awèh wêruh ingwang | lamun ingsun memba saking nagari | iya arsa mukul mungsuh | mungsuhe mêngko oncat | mring pasisir nanging kulup ingsun jaluk | rèhning kulup sira padha | aduwe bapa ing mami ||

6. padha wruha lakuningwang | dene ingsun arsa angantêb jurit | anggawaa wong Madiun | mantri sapuluh iya | siji mantri prêdinên kudane nyatus | sagung wong măncanagara | sakèhe kang pra dipati ||

7. iya kulup parentaha | saungkurmu konên dèn ngati-ati | karana mungsuh wus mêtu | têka karangkèng padha | lêlakua pacalang ing siyang dalu | dèn adoh gawe barduwak | tundha têlu lawan baris ||

8. karane kulup kang mêngsah | wus gêlare culika ing ajurit | mung gunane prang nênungkul | lah iku kawruhana | mungêl sêrat sagung pêparing kêkintun | wus titi tamat kang surat | panji kalih mrêbês mili ||

9. sênggruk-sênggruk sarwi ngucap | maring gandhèk dika matur dèn bêcik | sampun age aprang pupuh | inggih rama jêng sultan | lamun dèrèng kula prapta wus angumpul | eman [e...]

--- 19 : 63 ---

[...man] putrane kang padha | ala rupane puniki ||

10. padhaa dadi lêlamak | ing ayuda patine sun andhêmi | aduwea rupa sèwu | inggih Mangkunagara | botên mingkêd kosok godhi liru têmbung | mangruwêk caruk curiga | tumpêsa kula andhêmi ||

11. sampuna lawan parentah | panêmbahan sangêt amêmacuhi | sira pinundhut gawemu | mring jêng kakang mas sultan | yèn tiwasa ing prang ywa mulih sirèku | dèn nêdya karia aran | muliha ingsun suduki ||

12. makatên ingkang pitungkas | nadyan nênggih botên dèn pêpacuhi | milu prang lawan wong sêpuh | lamun nêdya uripa | dudu anak manungsa anaking asu | puniku ing antêp kula | tan nêdya mingkêd sanyari ||

13. gandhèk pamit sigra mêsat | pêparentah Dyan Panji Kartasari | myang Panji Kartayudèku | mring sagung pra dipatya | sami urun mantri bêbêcik tinuduh | wênèh kang mantri santana | kuda sèwu wus rumanti ||

14. sèwu malih kang adharat | pitung atus jagul pikulan sami | sapi ingkang kalih atus | ingkang momotan bêras | sigra budhal saking Tapêlan Madiun | Radèn Panji Kartayuda | Radèn Panji Kartasari ||

15. kunêng ta wau jêng sultan | saking Majalasan budhalirèki | mungsuh gugup sami ngrungu | yèn kangjêng sultan budhal | mungsuh budhal sadintên kèndêl ing Warung | nèng Sambong barise sultan | lan wadya Surakartèki ||

16. saking Warung mungsuh bubar | Cêngkalsèwu badhene

--- 19 : 64 ---

kang dèn jogi | sultan sawadya anjujul | cinêgat lampahira | nulya menggok Pangran Mangkunagarèku | anjog Kacubung Kasihan | jêng sultan sigra nututi ||

17. sadintên kèndêl lampahnya | Ngumbultinap dhusun dèn pasanggrahi | apan radin mirah banyu | ajêmbar kang polatan | kawuwusa wadya ing Madura nêngguh | nocok Kacubung Kasihan | mungsuh gègèr budhal aglis ||

18. angalèr dhatêng Lêmpuyang | wong Madura wau karsanirèki | ngusir ambêbujung mungsuh | Mantri Madiun sigra | sampun lajêng sampeyan pan dèrèng pangguh | lan rama tuwan jêng sultan | wajib panggiha rumiyin ||

19. baris wontên ing Bultinap | Radèn Panji anut aturing mantri | mantri panuwa Madiun | sigra mingêr barisnya | maring Ngumbultinap wau praptanipun | pinêthuk ing Radèn Răngga | Prawiradirja wus panggih ||

20. têmbungira Radèn Răngga | aku iki jujul lakunirèki | kang katur ing ramakamu | sultan kalamun sira | padha banjur angungsir bêbujung mungsuh | anakmu karo tan kêna | pasthi banjur magut jurit ||

21. radèn kalih yèn muwusa | sapa iki tan basa maring mami | dene iku rupanipun | nora pati bagusa | radèn kalih wau alon wuwusipun | pun paman nênggih punapa | Mas Răngga ing Sokabatih ||

22. Răngga mèsêm saurira | iya iki rupane nora bêcik | nging karsane wong tuwamu | sultan lamun ayuda | kang ginawe êpatèn mung raganingsun | wau radèn kalih pisan [pi...]

--- 19 : 65 ---

[...san] | gupuh sami angujungi ||

23. paman kula dongakêna | atirua sampeyan jêr prajurit | saking ing pasisir kasub | yèn prajurit prawira | inggih kathah têtiyang kang asung wêruh | apa ta rupane baya | Mas Răngga ing Sokabatih ||

24. iku kulup kang angucap | pan wong cilik darma bae nglakoni | kang kuwasa wong tuwamu | gumujêng kalih pisan | sarêng mangkat prajurit usar nêmatus | salomprèt kang munggwing ngarsa | ing wuri kêndhang saruni ||

25. wuri binang kapurancak | pitung atus busanane tulya sri | munya gonge galaganjur | Răngga Prawiradirja | mèsêm alon amuwus sarwi lêlaku | baya ta wus karsaning Hyang | waris têmên rakit baris ||

26. iya iki kadar pira | yèn sinawang saking doh kanan kering | madhani wong pitung èwu | rowane anèng papan | apadene têrus atèn-atènipun | atanggên kang para sura | lumrah wanine ngêmasi ||

27. wus cêlak lan pasanggrahan | kèndêl masang rapèk rahadèn kalih | busana usar rinacut | samya udhêng têpi mas | kampuh gilap pinarêmas gunung guntur | dhuwung paringan jêng sultan | ingangge kalihe sami ||

28. sultan siniwèng taratag | pasanggrahan munggèng amparan rukmi | Dèn Răngga lajêng umasuk | ngirid panji kalihnya | prapta ing jro sultan ngawe-awe gupuh | sèlèh dhuwung tan kalilan | lajêng sami angabêkti ||

29. sami ingaras kang sirah | lajêng datan kalilan mundur kalih | anyêlak [anyê...]

--- 19 : 66 ---

[...lak] kewala lungguh | kinarsakakên marak | pinaringan mangap tinanggapan tutuk | lajêng kinèn nguyup wedang | ing asmara radèn kalih ||

190. Asmaradana

1. sultan mèsêm ngandikaris | kulup padha rasakêna | iya wedang ingsun kuwe | apa enak apa ora | iku dudu tèh sabrang | tèh Pajang Mataram iku | radèn kalih matur nêmbah ||

2. nuwun inggih tan kadugi | ing raosipun punika | pan inggih wontên arume | nging wontên malih sapangkat | karaos lamat-lamat | inggih langu-langunipun | nging langu ngragèni eca ||

3. kula nuwun tan kadugi | amêthèk amastanana | sultan angguguk gujênge | radèn kalih matur nêmbah | nuwun jinarwanana | iya lamun sira uwus | tan bisa angaranana ||

4. pan iku godhong saruni | lawas sun alas-alasan | kulup durung angombe tèh | pan iya iku kewala | dene mawa paedah | ngilangakên ngêrês linu | marma ngong mêngko katêlah ||

5. dhasar duk wismèng wanadri | tan arsa ngombe tèh ingwang | angakèhakên panggawe | godhong saruni tan ora | ringkês lamun lêlungan | utawa lamun kaburu | ginawa ringkês kewala ||

6. pira gawanmu prajurit | radèn kalih matur nêmbah | nêm atus usar karbine | pitung atus waos binang | prajurit pêpilihan | tigang dasa tumbak wrêgu | ingkang sikêp tamèng kantar ||

7. punika lamun ajurit | tumbake wrêgu binuwang | pangamuke [pangamu...]

--- 19 : 67 ---

[...ke] lawan tamèng | pamurase tigang dasa | sanjata kang satunggal | mimisipun pitung puluh | pitung atus Sampang desa ||

8. Sampang ing jro kang prajurit | sèwu satus pitung dasa | tinandhinga ing yudane | pitung èwu sinêngkakna | punika maksih kirang | tandhinga salêksa purun | sèwu satus pitung dasa ||

9. tan wontên nêdya ngingkêdi | pêjah ing ayahan tuwan | sami lan kula anggêpe | kula apan kalih pangkat | kang rumiyin bandara | kaping kalih tiyang sêpuh | sipat tanglêd nêdya pêjah ||

10. tangkêpa sakêthi sisih | inggih măngsa kumêdhèpa | ayahan paduka katong | kalamun botên pêjaha | wontên ngarsa paduka | dêstun yèn têlotok asu | dede wijiling manungsa ||

11. mêngsah sagêda awarni | sèwu pun Mangkunagara | botên anêdya kumêdhèp | lêbura ngarsa paduka | mungsuh măngsa darbea | inggih ta pêpêjah sèwu | sampeyan punika gadhah ||

12. komuk nagari pasisir | Pangeran Mangkunagara | prajurite awon-awon | sami tiyang cêcandhakan | sanès lawan paduka | pilihan prajuritipun | saking pasisir miyarsa ||

13. jêng sultan ngandika aris | ingsun kogawe wong tuwa | iya sabarang panggawe | nora bisa tundha bema | yèn bisa yèn kênaa | iya cincing têlês iku | pan ingsun kudu tan arsa ||

14. mêngko kanthi sira malih | yèn gêlêma tundha bema | dene kalah lan mênange |

--- 19 : 68 ---

dudu duwèking manungsa | kagunganing Hyang Suksma | eca ngandika sang prabu | wontên dasih tur uninga ||

128. Peperangan wonten ing Sima.

15. lamun Istimolor prapti | pondhoke lêt tigang bulak | ngaturkên surat praptane | saking nagari Samarang | sultan apêparentah | sawontêne kinèn mêthuk | bupati kang sami seba ||

16. kang pinêthuk sêlak prapti | Mayor Dungkur ingampiran | sarêng wau ing lêbête | panggih sampun têtabean | wus tata sami lênggah | ngaturakên suratipun | kang saking Dêlèr Sêmarang ||

17. tinampan tinupiksaglis | bêbuka tabe kawula | inggih kang kathah-kathahe | katura ing kangjêng sultan | dene prakawis mêngsah | parentahipun gurnadur | inggih saênggenanea ||

18. sampun mênggah nèng pasisir | nadyan maringa ing sabrang | pasthi yèn sultan wajibe | Crêbon Bantên Batawiah | maksih talatah Jawa | rêrêgêd nusa Jawèku | jêng sultan masthi katêmpah ||

19. kang wus sanggup angrêsiki | măngsa kênia suminggah | Kumpêni mung bantu bae | ing rèh martikêl ing yuda | gurnadur sampun pasrah | wus titi kang surat gupuh | jêng sultan apêparentah ||

20. marang rêkyana apatih | Adipati Danurêja | myang punggawa sadayane | siyaga arsa budhalan | saking baris Bultinap | jujul saênggèning mungsuh | mangkya

--- 19 : 69 ---

anèng nagri Dêmak ||

21. wus rêmbag lampahing baris | bayak êlêt patang bulak | bayak sarta pangawate | prajurit Madura kêdah | nuwun dadya pangarsa | dhadhaning sultan puniku | ingênggenan wong Madura ||

22. sultan suka jroning galih | Kumpêni nurut kewala | sigra pamit Istimolor | ing dalu tan kawuwusa | enjing tangara budhal | swaraning bala gumuruh | kêbut saking ing Bultinap ||

23. Pangran Mangkunagarèki | kang wus ngancik tanah Dêmak | mêthuki prang bupatine | sakêdhap nuntên lumajar | wismane ingobongan | pangran baris Ngadilangu | abdine atur uninga ||

24. lamun kang mungsuh nututi | sultan ambêkta Madura | makuwon ing dhusun Rêbo | balane kadya hèrnawa | Kumpênine akathah | Madurane tigang èwu | punika loking pawarta ||

25. gugup angundhangi dasih | Pangeran Mangkunagara | ing batin langkung rêntênge | dene tan antuk lerena | kasèp nalangsanira | budhal saking Ngadilangu | angkate ngidul angetan ||

26. dènnya lumampah salingsir | masanggrahan dhusun Rawa | sultan budhal saking Rêbo | sadintên kèndêl lampahnya | ing wanci pukul tiga | masanggrahan sang aprabu | anèng dhusun Tambakbêras ||

27. parentah sri narapati | mring mayor lan Mangkupraja | kinèn dhingini angalèr | nuli menggoka angetan | yèn prapta kidul wetan | nulya rakitên lakumu | ngidul ngilèn arêpira [arêpi...]

--- 19 : 70 ---

[...ra] ||

28. karana mungsuhirèki | ngidul angulon sêrapat | budhal Mayor Istimolor | sapraptanirèng lor wetan | menggok angidul sigra | ngidul ngulon arêpipun | pangeran kang baris Ngrawa ||

29. gugup dènira miyarsi | kasupit pangrasanira | sigra budhal sabalane | angidul sapraptanira | ing arga Kêndhêng wana | menggok ngilèn nurut gunung | Sugihmanik kèndêlira ||

30. baris Mataram nuruti | lawan baris Surakarta | sultan anèng lèr barise | angidul ing ajêngira | wong Surakarta wetan | amangilèn ajêngipun | Madura kang munggèng ngarsa ||

31. wong Mangkunagaran wuri | akathah ingkang kacandhak | wong wadon pating jarêlèh | kang adharat sami sayah | marang bala Madura | binoyong wadonanipun | baris nolih mèh umangsah ||

32. kang bingung kelangan rabi | kadi angamuk-ngamuka | sami ginèndholan kabèh | aja anggêgalak racak | andulu mungsuhira | sasat karubuhan gunung | dadya kèndêl analasah ||

33. jêng sultan kèndêlirèki | dhusun ing pulo punika | mungsuh kasusu ingantèn | wêlas mungsuh ingkang dharat | nimbali pirêmbagan | Molor ingandikan rawuh | lan Dipati Mangkupraja ||

34. sultan angandika aris | mungsuh iki Mangkupraja | miwah kowe Istimolor | mungsuh iki sun watara | yèn ora angetana | pasthi ngulon maring Kêdhu | yèn ora [o...]

--- 19 : 71 ---

[...ra] mangkono iya ||

35. ngetan mring măncanagari | bêcik dhèwèk rêbut para | sira Mayor Istimolor | kalawan Si Mangkupraja | ngulon amêgatana | ing Tingkir lan Kaligandhu | iku dalane ngulona ||

36. lamun angetana iki | Gondhangrawing dènnya ngetan | Pakacangan urut rame | putraningsun karo pisan | kulup padha balia | loji Tapêlan Madiun | kuwatir bok pinaranan ||

37. Radèn Panji Kartasari | Radèn Panji Kartayuda | umatur saha wotsinom | yèn kênia sampun pisah | lawan paduka nata | sultan angandika arum | kulup aja sira susah ||

38. wus lakune ing ajurit | nora kêna puguhana | padha amrih pratikêle | dene besuk yèn karuwan | ingsun nèng tanah Pajang | nuli sun undang sirèku | kalih sami pinaringan ||

39. Kartayuda Kartasari | lèpèn intên kalihira | tinampan amung nyanyêle | lan anyatus kêtonira | mantri Madiun sigra | tinimbalan maring ngayun | wanti-wanti pinitungkas ||

40. dèn padha angati-ati | rumêksa ing putraningwang | besuk yèn sun undang[4] manèh | putraningsun karo pisan | aja sira giliran | Mangkujaya mung sirèku | dadia karta wadana ||

41. radèn kalih anambungi | inggih pun bapa punika | kang wus prayogi saêcop | kuning awatak kawula | pun Bapak Mangkujaya | yèn salina kula kuwur | sigra

--- 19 : 72 ---

sarêng budhalira ||

42. Istimolor ngilèn sami | lan Dipati Mangkupraja | ngetan bala Madurane | sarêngan sami sadina | dene wau jêng sultan | bêbujung nginthil angidul | anut saparaning mêngsah ||

43. mungsuh ngidul dèn kêkinthil | gênti pondhokan kewala | langkung pinêsu lampahe | untap untan pan[5] kewala | sampun anjog Gagatan | pangeran kèndêl sadalu | anèng dhusun ing Gagatan ||

44. bêdhug tiga budhalnèki | Pangeran Mangkunagara | balane pating kêcècèr | jêng sultan budhal satêngah | nênêm panusulira | ing wanci pukul sapuluh | pangeran prapta ing Sima ||

45. kèndêl sawadyanirèki | pangrasane mungsuh têbah | dene ta dalu budhale | nèng pasar Sima pangeran | bala angering nganan | lagya utusan mring dhusun | kang ingutus dhêplok rujak ||

46. dhahar rujak dèrèng kongsi | kasusu gègèring wadya | mungsuh prapta panusule | Kudanawarsa praptanya | matur yèn mêngsah prapta | pangeran nolih andulu | ngalor katon mungsuh mapag ||

47. sakawan bandera kèksi | banderane gêni roga | lan wulung kêthèk cirine | sapa pangarêpe ika | tandange aprayoga | Kudanawarsa umatur | banderanira pun Răngga ||

48. kang wulung ciri wre nênggih | pun Kartanadi punika | pun Răngga gêni rogane | pangeran nitih turăngga | payo Kudanawarsa | ngundhangana nabrang ngidul | dèn atata [a...]

--- 19 : 73 ---

[...tata] undurira ||

191. Durma

1. ingundhangan prajurit ngidul nabranga | tata sakidul kali | lumirig sadaya | nèng kidul kali tata | balaka sultanan sami | punggawanira | sigra atur udani ||

2. marang kangjêng sultan yèn mêngsah amapag | tata sakidul kali | wadya kang pangarsa | lajêng pambêrêgira | jêng sultan amarentahi | Kumpêni dhadha | Danurêja nindhihi ||

3. pangawate Pangeran Natakusuma | ingkang munggèng ing kering | papat pra dipatya | Pangeran Mangkuningrat | pangawat kanan dèn gèni | katri punggawa | ingkang sami anunggil ||

4. kang anunggil Adipati Danurêja | sakawan pra dipati | lawan pamajêgan | para mantri sadaya | nèng wurinya ki dipati | wau adharat | sagunge kang prajurit ||

5. kang pangarsa wus dangu ing campuhira | rame bêdhil-binêdhil | nênggih balanira | Răngga Prawiradirja | lan balane Kartanadi | wau sadaya | wus kinèn dharat sami ||

6. Pangran Natakusuma tan purun dharat | saprajurite sami | anggung dhinawuhan | gandhèk ping kalih prapta | jêng pangeran datan osik | maksih nèng kuda | wus katur aturnèki ||

7. kangjêng sultan têdhak amung wadyanira | kêkalih kang tut wuri | prapta ing gènira | Pangran Natakusuma | jêng sultan ngandika aris | paran ari mas | nora dharat sirèki ||

8. Pangran Natakusuma astane kiwa | anyêpêng lawungnèki | astanira kanan | sigra narik curiga |

--- 19 : 74 ---

lawunge pinancas ing kris | lawung wus pagas | mung sadhêpa kang kari ||

9. Pangran Natakusuma angrik karuna | ature mring rakaji | măngsaa tinggala | dumèh anitih kuda | dudu taliti prajurit | nora kêndêla | ya Si Supama iki ||

10. duk miyarsa sultan ngandika ngrêrêpa | ya uwis-uwis adhi | sun timbangi sira | ingsun wurung adharat | nging yayi ingsun pribadi | kalawan sira | aja na malih-malih ||

11. ingsun amung gawa kuda wolung dasa | bocah kêtanggung mangkin | dene pangkoningwang | pinilih suranata | dharat mapag lan Kumpêni | Sultan Banaran | wuri mangawat aglis ||

12. pangawat kang têngên wurine gènira | Danurja dèn dhawuhi | yèn gêlar anamar | pamangkon dalêm samya | Danurja kinèn nindhihi | mayor ngandikan | Dungkur sigra wus prapti ||

13. kinèn bêkta dragundêr kalih kewala | upas ingkang satunggil | Jakuwe Kapitan | lan Bahiman tinilar | ingkang anindhihi baris | wau pangarsa | dangu rame ajurit ||

14. sami nabrang bala ing Prawiradirjan | lan wonge Kartanadi | sapraptane samya | kidul kali ajêngnya | nêrot angêrutug bêdhil | dhadha wus nabrang | suranata pinilih ||

15. karsanira pangeran angoncatana | lêlurah saragêni | ijo namanira | Sêrangpati punika | wong dharat kang dèn tindhihi | jêlih turira | mring Kudanawarsèki ||

16. hèh kiyai eman têmên kula kănca | matia dèn [dè...]

--- 19 : 75 ---

[...n] bêdhili | lumayu kewala | nora dèn pagutêna | lumayu tan wurung mati | angur noleha | Danawarsa nuruti ||

17. sakarêpmu iya sun matur bêndara | sigra sagung prajurit | umagut sadaya | nanging rusuh tatanya | wus anêmpuh rok mangungkih | kuwur ing aprang | bingung danguning jurit ||

18. saragni jo panunjangira bêk pêjah | ingkang katrajang isis | ngalèr pamburunya | pinilih suranata | singa kang tinêmpuh ngisis | ngidul sadaya | pambujênging ajurit ||

19. ramening prang tambur gong bèri wor surak | gumuruh gêgumyuri | swaraning ampuhan | kadya manêngkêr wiyat | kang Carabali saruni | têmpuhing aprang | tangara sirêp sami ||

20. sarêng anduk pangawate kering kanan | Mangkuningrat nindhihi | Pangran Natabaya | tajêm pangamukira | Tumênggung Martalayèki | rukêt pamuknya | rame rok silih ungkih ||

21. Pangran Natakusuma nêmpuh anunjang | caruk pamoring jurit | prajurit nirbita | miwah wong gulang-gulang | sami anêmpuh Kumpêni | sakala lingkab | dragundêr sami nisih ||

22. amarani Ki Dipati Danurêja | marang gèning Kumpêni | anisih sadaya | prasami ingadhangan | tinudingan ing camêthi | Walănda sira | pagene padha nisih ||

23. iya iki ayam gêmuk sukêt mudha | ingkang prajurit Jawi | maksih lêng-ulêngan | sira arêp lumajar | kapitan apan angglirih | hèh jangan gusar | apuntên [apuntê...]

--- 19 : 76 ---

[...n] ki dipati ||

24. dene sangêt aribut ing prang punika | Danurêja nudingi | hèh mara tu lêkas | barismu anêngaha | para mantri pra dipati | rok rukêt padha | sira arsa ngoncati ||

25. masang nêngah Kumpêni tangguh barisnya | tinunjang anadhahi | pangguh yudanira | kumrudug êdrèlira | nanging kinapinjal sami | dadya tan kêna | êdrèle dèn susupi ||

26. anggêlasah kang nêngga drèl akèh pêjah | dadya anggiwar sami | nunjang sami Jawa | nging kathah katlamunan | kèh mungsuh rowange sami | dupi wus cêlak | ing prang sirêping bêdhil ||

27. mèh-mèh sami amarakkên tumbakira | wruh sami baturnèki | wau ta pangeran | mantri jêro ingatag | têtulunga ing ajurit | pangran tinilar | kari wong ngampil-ampil ||

28. mung kapêdhak datan luwih kalih dasa | tigang dasa pawèstri | kang sami turăngga | wadonan dharat sirna | sami nalêsêp ing kali | sanadyan lanang | kèh kang nunut pawèstri ||

29. ing garumbul ingkang dèn ungsi umpêtan | ingkang wus nandhang kanin | nalêsêp padesan | wau kang rame aprang | bêrêg-binêrêg mangungkih | mantri jro nunjang | ngalèr anglarug[6] sami ||

30. ana manut prajurit Pakuningratan | mantri jro dèn tut wuri | pangrasane rowang | tinolih tinakonan | bature sapa sirèki | Pakuningratan | ngulati rowang mami ||

31. gya tinêmpuh caruk wong salawe samya | ngamuk kathah ngêmasi |

--- 19 : 77 ---

prapta saking wetan | Pangran Natakusuma | wruh mungsuh banderanèki | lajêng tinunjang | carub bêdhil-binêdhil ||

32. prapta mantri pinilih lan suranata | saking kidul prasami | ngalèr lampahira | Pangran Natakusuma | anandêr mantri pinilih | lan suranata | padha banjur angiring ||

33. Martalaya têmpuh lan Kudanawarsa | Martalaya pribadi | bature wus ora | gapruk tumbak-tinumbak | Martalaya dèn kapati | sing kering kanan | Martalaya tan busik ||

34. Danawarsa tinumbak gulu iringnya | pasah ing sawatawis | nulya Martalaya | rinampog wong têtiga | nora pasah nanging sakit | turangganira | Martalaya ngêmasi ||

35. dadya niba Ki Tumênggung Martalaya | ginêbugan ing bêdhil | siji kancanira | Sêrangyuda kang prapta | wau kang sami gêbugi | sigra tinumbak | siji kang angêmasi ||

36. sami giwar ambêkta Kudanawarsa | Martalaya sru angling | kowe Sêrangyuda | matura ing bêndara | Pangran Mangkuningrat aglis | kunarpaningwang | pirèkêna ing kali ||

37. Sêrangyuda tinumbak saking ing wuntat | sigra lumayu gêndring | wau Martalaya | ngrakêt tan bisa polah | ingkang aprang wira-wiri | nyana wus pêjah | tan ana kang ngandhêgi ||

38. wau sultan mulat danguning ayuda | suka dènnya ningali | dangu-dangu mulat | ngalèr bandera dhudha | graita sri narapati | saking kadohan | êndi kang kalah iki ||

39. payo Dungkur tinulungan batur sayah | sira kalawan mami [ma...]

--- 19 : 78 ---

[...mi] | riwut kang ayuda | sun mêtu ing ngiringan | kulon pasang nyabrangnèki | ngidul jêng sultan | songsong kinèn nênêbih ||

40. lawan kinèn mingkup wau songsongira | ulur lampahing dasih | dèrèng antuk marga | kang munggèng ngarsa sultan | sapraptaning kidul kali | ngidul kewala | wus prapta kidul têbih ||

41. aningali ngetan wontên songsong jênar | ngarêmpêl kang angiring | majêng ngalèr samya | andulu kang ayuda | menggok ngetan sri bupati | pan sampun cêlak | pangran abdinirèki ||

42. wong satunggil anolih yèn wontên kapal | wonge sultan kang wuri | gusti kang kapalan | saking lèr ngidul samya | pangeran kagyat anolih | kang rama prapta | gêtak sarwi ambêdhil ||

43. lajêng kagum giwar sinusul sanjata | binujung lajêng gêndring | langkung kuthetheran | yèn uga kinarsakna | kang putra pinurih kêni | pasthi watgata | kang putra angêmasi ||

44. kang ayuda mung mantri jêro kewala | kang golong ing ajurit | kêdhik ingkang tiwas | amung têtiga pêjah | lan ingkang tatu satunggil | liya punika | rusak sagung prajurit ||

45. saragêni abang lan wong pêrang tandang | saragni irêng sami | polèng ijo kathah | pêparon ingkang pêjah | mantri jro undurirèki | nolih katingal | lumayu payung kuning ||

46. mantri jêro lumayu ngidul tan kêna | mungsuh angalèr sami | wau undurira | mantri jêro angetan | dragundêr ingkang nututi |

--- 19 : 79 ---

sarwi ngêdrelan | wus sami nabrang kali ||

47. pra dipati wus sami ngawruhi mêngsah | pan kadi dèn siringi | angidul prasamya | Tumênggung Martalaya | kancane ngaturi uning | maring pangeran | wadana lurahnèki ||

48. Pangran Pakuningrat amurugi samya | gène Martalayèki | ginugah kancanya | têguh-têguh sêsumbar | iya patènana mami | dèn parêk uga | mêtua ngarêp aglis ||

49. pangrasane mungsuh ingkang ngoyag-oyag[7] | dangu dèn pituturi | mungsuh sampun kalah | Pangeran Pakuningrat | dika ingkang dèn ulati | dèn nyana tiwas | wau têngahing jurit ||[8]

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

121. Pangeran Bintara lan Pangeran Purubaya asrah tobat. Kangjêng Sunan lan Kangjêng Sultan botên karsa tampi ... 3

122. Adipati Pringgalaya kawiyak culikanipun, lajêng nglalu pêjah nguntal racun ... 12

123. Kangjêng Sultan yasa kitha ... 24

124. Pangeran Mangkunagara mundhut bumi sapratigan botên dipun parêngakên, lajêng duka, ambidhalakên bala badhe anggêpuk tanah pasisir. Dipun tututi prajurit Kasunanan, Kasultanan lan prajurit Kumpêni ... 37

125. Pêpêrangan ing Sela Kêpyak. Kapitan Pan Dêr Pol tiwas ... 44

126. Pangeran Mangkunagara rêraosan kalihan para punggawa badhe nungkul ... 52

127. Prasêtyanipun prajurit Madura dhatêng Kangjêng Sultan ... 58

128. Pêpêrangan wontên ing Sima ... 68

 


Titik awal: Babad Giyanti, Jilid 19 (Serie No. 1259r). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1938, 79 hlm. (kembali)
inggih. (kembali)
Kurang satu suku kata: misih arêrêbutan gilig. (kembali)
undhang (dan di tempat lain). (kembali)
untap-untapan. (kembali)
anglurug. (kembali)
ngoyak-oyak. (kembali)
§ Lajêng nyandhak jilid: 20. (kembali)