Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 21–31)
1. | Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti. |
2. | Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti. |
3. | Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 21–31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
21. Gambuh
1. sigra wau gupênur | sawus bêbisik marang sang prabu | pamit mundur marang pakuwonirèki | sakidul Lawiyanipun | nêm dalu makuwon kono ||
2. pangeran dukanipun | Jayakintèki bêkta sêsuguh | bêras bèbèk salawe lêmbunirèki | lan ayam sapuluh pikul | bêrambang bawang lan êndhog ||
3. kalawan [kala...]
--- 95 ---
[...wan] suratipun | tuwan idlèr pan arsa têtamu | Pangran Mangkunagara sêmaya kêdhik | sêdhêng sampun aprang pupuh | agampil besuk patêmon ||
4. kiyai bakal magut | balane padha nglarag mangidul | badhe ngutêr gèn kawula anadhahi | kula tuwan awèh wêruh | yèn kala tuwan makuwon ||
5. dipun prayitnèng kewuh | apan kiyai darbe panukup | tukang nukup tumênggungipun kêkalih | amêthèt wong kawan atus | damêle nukup kimawon ||
6. tuwan sayêktènipun | sampun lêt têbih pakuwonipun | arêm-arêm Pangran Mangkunagarèki | sangking lumuh atatêmu | milane anggung ngalap sor ||
7. mangkana budhalipun | sangking Lawiyan tuwan gupênur | ngidul ngetan kèndêl Paserenan sami | idêlèr sabalanipun | nèng ngriku dènnya makuwon ||
8. pangeran ênggènipun | nèng Katêguhan sakidulipun | Paserenan kasompokkên lak Kumpêni | mingsêr ngetan barisipun | makuwon nèng dhusun Pojok ||
9. gunêm sadalu-dalu | lawan sagunge kang pra tumênggung | kang ginunêm ora têmu lan nêmoni | bêcik kang êndi puniku | riyon kang sami tinaros ||
10. tan ana ingkang kumpul | pating balêsar ing rêmbugipun | Danawarsa lan Jayaningrat Matawis | botên panggih rêmbugipun | dene bupati kang roro ||
11. Suramangunjayèku | lawan Tumênggung Janapurèku | rêmbagipun sami kêdah amanggihi | sampun tanggêl barang laku | ing pikir pan maksih reyon ||
12. ya ta wau sang prabu | undhanging bala siyaganipun | karsanira nênggih arsa marêpêki | ngrupak jajahaning mungsuh | wus budhal sangking ing Murong ||
13. sawadyagung mangidul | praptèng ing Karja Kêmajan Jamus | tigang dalu masanggrahan sri bupati | lajêng budhale angidul | tanah Matesih makuwon ||
14. ing Bangsri dhusun agung | wadya prajurit pangarsa sampun | ngêlar-êlar ing jajahan kanan kering | punggawa pangarsa kidul | pun Tumênggung Atasingron ||
15. lawan sakancanipun | sagung pra mantri ingkang pênganjur | pangidule ing kali Jêlantah prapti | jajahan mêngsah kaikut | mring Tumênggung Atasingron ||
16. ya Wrêksanagarèku | wantêr arikat tênaganipun | ngorakakên yèn ora ana prajurit | Kudanawarsa atur wruh | yèn Tumênggung Atasingron ||
17. wus ngancik Barawatu | pangeran langkung dènira bêndu | budhal sangking Pojok sawadya ngawaki | kumêrap wadya anggrêgut | duk miyarsa Atasingron ||
18. pangeran badhe mukul | sigra ngoncati budhal ing dalu | sakancane mung tilar mantri kêkalih | wontên kuda pitung puluh | jaga
--- 96 ---
ngawali kimawon ||
19. pangeran praptanipun | kapanggih suwung ing Barawatu | amung kawal pitung puluh kang turanggi | binujung maring panganjur | palayune ngèrèk ngulon ||
20. dadya nèng Barawatu | Pangeran Mangkunagara sampun | masanggrahan lan sagung wadya prajurit | lan sagung punggawanipun | wus tata dènnya makuwon ||
21. sigra dadèkkên rêmbug | mring Paserenan dêlèr gènipun | ingaturan anggitik mungsuh tumuli | gampil ing benjing yèn sampun | mungsuh sirna atatêmon ||
22. dêlèr apan wus nurut | sangking Serenan budhal gumuruh | nabrang ngetan sagung kang bala Kumpêni | ngetan ngalèr lampahipun | sarêngan dènira bodhol ||
23. kang sangking Barawatu | budhal mangalèr bala gumuruh | wus katingal lampahing baris Kumpêni | Mangkunagaran kadulu | sangking doh sarêng mangalor ||
24. lampahing duta manggung | awira-wiri mantri jronipun | kang ingutus maring barising Kumpêni | Samêdhangan[1] praptanipun | baris Kumpêni makuwon ||
25. pangeran barisipun | anèng ing Wera sabalanipun | masang rakit pangarsa myang kanan kering | wus cêlak ênggoning mungsuh | nèng Bangsri sang rama katong ||
26. pangeran wus angutus | atur sugata marang gupênur | lan matêngkên rêmbag pamukuling jurit | lawan idêlèr wus rêmbug | ing samăngsa ngasmarèng don ||
22. Asmaradana
1. punggawa pangarsa sami | balane natèng Banaran | Tumênggung Panatasingron | inggih pun Wrêksanagara | prapta sakancanira | tur wuninga lamun mungsuh | dêlèr baris Sumêdhangan ||
2. Pangran Mangkunagarèki | baris wetan Sumêdhangan | dhusun ing Wera ênggène | têbah saonjotan kirang | sangking baris Walănda | amatêngakên ing rêmbug | gène mukul ing paduka ||
3. Atasingron têliknèki | kang kinèn awor ing mêngsah | ingkang dinangu cacahe | watara kathahing mêngsah | punang têlik turira | sadaya watawisipun | dêlèr kalawan pangeran ||
4. kadi cacahing prajurit | salêksa lan gangsal nambang | lamun wontêna kirange | pan inggih botên akathah | miwah lamun langkunga | botên kathah langkungipun | sangking gangsal wêlas nambang ||
5. natèng Banaran nimbali | ing santana pra dipatya | lan lurah prajurit kabèh | tinawu ing bobotira | samono gênging mêngsah | apa oncat apa magut | kang abdi matur sadaya ||
6. sumăngga karsa sang aji | kang abdi darmi kewala | amrih ing yuda rarêmpon | kang abdi drêmi tumandang | sang nata angandika | santana lan pra tumênggung | ngarêpna Mangkunagara ||
7. ingsun ngarêpkên Kumpêni | lan bocah jêro kewala | iya sun gawa sêparo |
--- 97 ---
kang patang atus kewala | punjul wong suranata | wolung puluh papat iku | mantri pinilih tri dasa ||
8. bocah jêro kang sapalih | patang atus milu jaba | kang sun pangku iku bae | mangkêlang sagung dipatya | sêdyane lumuh pisah | antêpe dadia bubuk | yèn kênia lumuh pisah ||
9. gya Pangran Natasuma glis | lan Răngga Wirasêntika | wus tilar dhuwung kalihe | majêng sami matur nêmbah | pukulun nuwun duka | yèn èstu karsa sang prabu | nadhahi angantêp yuda ||
10. tan wontên ajrih ngêmasi | sadaya abdi paduka | amung inggih kuciwane | pukulun tan antuk papan | lan mêngsah taksih ura | botên anunggil gènipun | owêl abdi padukendra ||
11. sanadyan kathaha ugi | yèn mêngsah dados satunggal | botên tanggêl pêngantêpe | sang nata gumujêng suka | dhimas Natakusuma | ingsun pan kaya sirèku | iya kapalang ing papan ||
12. yèn mangkono sun unduri | răngga padha undhangana | kancamu bupati kabèh | besuk esuk ingsun budhal | ing Bangsri ingsun tinggal | bubaran wau kang rêmbug | wande umangsah ing yuda ||
13. ing dalu datan kawarni | enjinge têngara budhal | gumuruh wadyabalane | putra santana nèng ngarsa | nuntên kang pra dipatya | sri narendra munggèng pungkur | lan wadya ing jro kewala ||
14. kèndêl dhusun Wanasari | sadalu amasanggrahan | enjinge budhal angalèr | Murong kèndêl masanggrahan | anata balanira | kunêng malih kang winuwus | Pangeran Mangkunagara ||
15. tur uninga ing Kumpêni | yèn kang rama sampun jêngkar | sangking Bangsri sawadyane | angalèr mring Sokawatya | suwawi tinututan | tinut ing sapurugipun | idêlèr nurut kewala ||
16. têngara baris Kumpêni | budhal sangking Sumêdhangan | angsahe sarêng angalèr | lampahe lêt tigang bulak | ing Sokawati prapta | Pamasaran kèndêlipun | pangeran nèng Pagêdhangan ||
17. baris Kumpêni miranti | pangeran pemut prayitna | yèn ingkang rama badhene | sampun angundhangi bala | badhe angantêp yuda | dene pênêt papanipun | ing Sokawati arata ||
18. idlèr ngundhangi prajurit | sami prayitnèng ayuda | Pangran Mangkunagarane | marang dêlèr pemutira | yèn kyai dèrèng nabrang | ngalèr taksih wontên kidul | niyat magut ing ayuda ||
19. kunêng kang winuwus malih | Sri Narendra Kabanaran | kang abaris anèng Murong | anggung dènnya pirêmbagan | angrakit gêlaring prang | badhe ngantêp yudanipun | kasaru wontên caraka ||
20. sangking Pugêr Adipati | surate atur wuninga | lamun kang rayi jêngkare | Pangran Arya Singasêkar | tilar nagari Jipang | kawone sangking Sidayu | pan inggih [ing...]
--- 98 ---
[...gih] lawan kawula ||
21. botên ngangge têpang pikir | pun Pugêr nuwun dêduka | sintên kang kinarsakake | têngga tamping lèr punika | Pangeran Singasêkar | mring Kadiri lolosipun | măngsa mêcahna kaluwak ||
23. Pocung
1. kula nuwun atur tiwasing pukulun | rumêksèng tampingan | angraos botên kasaid | tiwasipun rayi dalêm Singasêkar ||
2. sang aprabu miyarsa kalangkung ngungun | kalawan Pangeran | Dipati Bintara mangkin | nuwun lênggah ing nagari Garobogan ||
3. sang aprabu ing batin kalangkung rêngu | pinupus yèn beka | dènnya arsa magut jurit | tyasnya lagya kuwur wande magut ing prang ||
4. iya lamun si adhi Bintara iku | yèn cinukêngana | beka satêngahing jurit | pan ingarêm-arêm tyasira sinamar ||
5. ngandikarum dhimas Bintara sirèku | jaluk Garobogan | kadangira Pugêr iki | kaya priye ing ngêndi gon amrênahna ||
6. dene iku sira adhi ingsun turut | jaluk Garobogan | watakira dhingin-dhingin | marènana sok lali wong pawong sanak ||
7. mring sadulur alane dèn ulur-ulur | pakarya tan arja | nura tulus dèn walêsi | ingkang rayi pucat sumungkêm pratala ||
8. aturipun sumăngga karsa pukulun | inggih dèn kumbaha | yèn kadosa nguni-uni | sakalangkung jrih kula ing padukendra ||
9. ing sotipun kadang sêpuh pasthi ampuh | kula manggih papa | kang ngukup mung kakang aji | gih punapa badan kang dipun walêsna ||
10. durakagung inggih kawula sok digung | kathah aturira | nêpa ta kadya wong cili | Pangran Adipati Bintara mring raka ||
11. sigra wau narendra gandhèk tinuduh | mundhut Garobogan | marang Pugêr Adipati | pinaringkên Pangran Dipati Bintara ||
12. Pugêr amung dhinongkolakên wong satus | langkung gujêngira | sira Pugêr Adipati | nora măntra-măntra yèn sakmanahira ||
13. wêruh lamun kang duwe panggawe saru | Pangran Buminata | bêdhandhêr sajêge urip | durung-durung nglakoni pênggawe tata ||
14. apan iku ya măngsa mantêpa besuk | marang ingkang raka | sayêktine dadi kardi | kudu-kudu ambêbeka lêlampahan ||
15. nora enjuh mung gunane gawe rusuh | sampun tinampenan | ing Garobogan nagari | langkung suka Pangran Dipati Bintara ||
16. yèn tinangguh saguh balanipun wuwuh | adhadhag-mêdhadhag | mangah-mangah ulatnèki | kaya êbung pring pêtung mêntas binakar ||
17. ya ta wau barising Kumpêni maju | kèndêl dhusun Gêbang | Pangran Mangkunagarèki | kèndêl baris wontên sawetaning Gêbang ||
18. Sang Aprabu
--- 99 ---
Kabanaran karsanipun | pan anglès kewala | pan lagya sêbêl kang galih | ing bekane kang rayi Pangran Bintara ||
19. kang tinuduh dadia kawaling pungkur | pra wadana jaba | sadaya ing jro satunggil | tinindhihe Mas Răngga Wirasêntika ||
20. sisihipun Radèn Suryanagarèku | sagung pra dipatya | ing jaba sadaya kari | mung kang dhèrèk sang nata sêntana putra ||
21. budhalipun angilèn wau sang prabu | mingêr ngalèr nyabrang | praptane salèr banawi | ngetan malih sakêdhap prapta ing Bancar ||
22. kèndêl wau masanggrahan sang aprabu | mungsuh wus miyarsa | pangeran miwah Kumpêni | sami nusul baris Kumpêni kalawan ||
23. barisipun Pangran Mangkunagarèku | budhal sangking lampah | wetan kilèn nunggil kapti | baris Murong kang dèn ungsir budhalira ||
24. ingkang kantun Murong kirab barisipun | baris mungsuh kagyat | anarka sunane maksih | sami kèndêl Kumpêni baris sumêngka ||
25. barisipun Pangran Mangkunagarèku | lan sabalanira | anèng dhusun Bantutangkil[2] | baris Murong kêbut ngalèr ngilèn samya ||
26. dêlèr ngutus amatêngakên kang rêmbug | Dipati Sêmarang | praptèng baris Batutangkil | wus pinêthuk urmat maryêm prajuritnya ||
27. baris sungsun jroning pasanggrahan agung | sagung baris dharat | ing ngara-ara ing jawi | pan anggabag ewon kang baris turăngga ||
28. praptanipun wau awaking gupênur | Dipati Samarang | pinanggihan anèng jawi | soring tarub pasanggrahan sampun gênah ||
29. pra tumênggung tinunggalan pra tumênggung | lan Kudanawarsa | puniku jajare linggih | pangerane kang munggèng kursi priyăngga ||
30. dipatyèku Sêmarang tyasira kêju | dêlèr kang karyawak | têka nora nêmu aji | linênggahkên anèng wêwidhik kewala ||
31. lan andulu so[...] kèhing wadyagung |[3] sinawung sinawang | pasêmone gêdhe [...]k |[4] lonyot-lonyot ing pratingkah gêgêculan ||
32. tyase alum Dipati Samarangipun | mulat ing pratingkah | ki dipati kêcil ati | prakarane ngunthêt saparo pan mêdal ||
33. ngaturakên surat kang sangking gupênur | kêdah pêpanggiha | matêngakên barang pikir | sabarang rèh pênêt nuli kalakona ||
34. ya ta wau kèndêl ing pamaosipun | pangeran ngandika | hèh Adipati Samawis | dêlèr iki têka mangkene kang karsa ||
35. atatêmu iya apa bedanipun | kalawan pangucap | kang kalêbu layang mami | bèbèt ingsun tan ana ngoncati ujar ||
36. apan iku kakang mas panjalukipun | Pangeran Pancuran | nuli têmua lan mami | ngarah
--- 100 ---
apa bok besuk sawusing karya ||
37. apan ingsun liwat rubêde tyas ingsun | wong arêp-arêpan | ingsun iki nyêngka tandhing | pan kiyai prajurit sumbagèng jagad ||
38. tikêl satus balane lan balaningsun | tur padha prawira | kabèh balane kiyai | balaningsun lagi aprang bêbocahan ||
39. prandeningsun nêmah tan mingkêt sarambut | sangking ingsun iya | wus saguh marang Kumpêni | rêmak-rêmpu măngsa nêdya ngoncatana ||
40. ciptaningsun lan Kumpêni parêng gêmpur | măngsa dadak cidra | lamun taliti Matawis | wus muliha iya Dipati Samarang ||
41. layang ingsun angsul-angsul bèn lumaku | Si Kudanawarsa | ingkang gawa layang mami | ngiras wakil prasasat wus awak ingwang ||
42. pamit mundur Dipati Samarang gupuh | praptaning sumêngka | wus panggih lan kang anuding | Ohègendrup dipati ginawa ngiwa ||
43. aturipun katur sasolah ingutus | Dipati Samarang | mring dêlèr amrasabêni | sampun midho[5] kula dika kèn marika ||
44. solahipun beda lawan pamanipun | taklim ing kongkonan | ing adate Mangkubumi | puniki ta pratingkahing gêgêculan ||
45. manggil gupuh Radèn Endranata tumut | prapta tinakonan | miwah Naladikara glis | ingkang sami mindho ping têlu dinuta ||
46. mring sang prabu natèng Banaran karuhun | ngajèni kongkonan | satata dènnya manggihi | lan têmbunge sêdhêp prak ati pêsaja ||
47. patutipun sagène makuwonipun | mondhoka sadina | yèn Pangeran Mangkubumi | pasêmone baris kadi gone raja ||
48. sru gumuyu anggoyang kapalanipun | êmbèn Danawarsa | badhe kinèngkèn mariki | siyaganên têtarub pakuwon ngarsa ||
49. bubar sampun kunêng malih kang winuwus | Pangeran Pancuran | kintun sêrat mring kang rayi | wus tinampan ing Pangran Mangkunagara ||
50. têmbungipun hèh yayi mas sira iku | iya dèn prayitna | patêmon aja nglakoni | lamun durung ingsun lumaku nèng ngarsa ||
51. apan ingsun maksih lumaku nèng pungkur | iya durung kêna | lumaku ana ing ngarsi | lamun ingsun wus kêna lumakyèng ngarsa ||
52. dadi uwus patêmona sakarêpmu | kapindho yayi mas | prang lan paman Mangkubumi | aja age adhi ngantènana ingwang ||
53. pantês ingsun kang tuwa nanggulang pupuh | ya singa tiwasa | prang lan paman Mangkubumi | duk miyarsa kèndêl maos latah-latah ||
--- 101 ---
54. dutanipun kang raka sinungan wuwus | lah iki kakang mas | ngandika tanpa kêkering | nora lingsêm karungu samining janma ||
55. dadak iku nyumbari kyai prangipun | tan wruh ing ukara | tan wruh Ngêpon Wage Paing | wong kumaki iya prajurite pira ||
56. nadyan iku duwea prajurit sèwu | ya têlung èwua | nora patut anadhahi | pamanane wus prajurit têtêmênan ||
57. pira-pira prajurit sabrang kang wudhu | Mayor As Mayor Pal | Mayor Por kalèrèk mati | prang lan kyai tumpês saprajuritira ||
58. waniningsun sun rewangi prang malincur | gêlar salinthutan | wong aprang lawan kiyai | tadhah dhadha pasthi rêmak-rêmpu bebas ||
59. dutanipun kang raka sinung sul-angsul | Pangeran Pancuran | sampun lèngsèr nêmbah amit | kawuwusa ingkang abaris ing Bancar ||
60. amrih laku wau kang putra tinuduh | pangeran dipatya | ngirit wong măncanagari | pra dipati wus kinèn mantuk sadaya ||
61. pangranipun Dipati Anom Madiun | lan Purwanagara | nêdya tulung Pranaragi | kang binobot sangking ing gunung sarkara ||
24. Dhandhanggula
1. nahên gantya kang winursita ris | nênggih wontên sêmpalaning kăndha | nagri Turki nangkodane | ing Turki tanahipun | lunga dagang mring bawah angin | nangkoda kalih sanak | sami sugihipun | lan kadang mung sabaita | ingkang tuwa anama Ki Sèh Ibrahim | kang anom Ki Sèh Iskak ||
2. wus lakune ing nagari Turki | lamun nangkoda dagang anêbah | anggawa cape rajane | êcape sultan ing Rum | pan kalaut nèng bawah angin | têtiyangipun pokah | sêbit layaripun | palwane kalunta-lunta | kalih atus sabaita rowangnèki | Sèh Ibrahim ngulama ||
3. datan kèndêl baitanirèki | anut ing barat kalunta-lunta | ngetan tan ana enggoke | kasanggrok nèng pulo Drus | dadya kèndêl palwanirèki | nanging tan wontên tiwas | mung tiyang kang putung | lawan layaripun sirna | nèng pulo Drus minggah tuwan Sèh Ibrahim | manggih têtiyang kathah ||
4. wong lêlaran kang anambut kardi | gêraji kayu sadina-dina | Tuwan Ibrahim têtakèn | mring wong gêraji kayu | iya iki nagara ngêndi | apa rajane ana | wau kang sumaur | puniki ing Batawiyah | amung jendral gêng-gênge nagri puniki | akulit kadi tuwan ||
5. nanging kaot srêban lawan topi | kalih tuwan sami kulit pêthak | sawusira atêtakèn | wangsul baitanipun | sagung
--- 102 ---
awak baita sami | kinèn kantun prayitna | amung kadangipun | binakta anitih sampan | minggah dharat sapraptanirèng Batawi | arsa anjaluk tiyang ||
6. sami kagyat têtiyang Batawi | arang kambah sami kagawokan | abagus agêdhe-gêdhe | têtakèn gêdhongipun | goning jendral sami lumaris | ingkang jaga lumajar | badhe ngaturi wruh | yèn têtiyang Turki prapta | sawêg matur Sèh Ibrahim sêlak prapti | anguwuh jendral-jendral ||
7. langkung gugup jendral angêdhuni | dharakalan kapêthuk ing latar | sampun cinandhak astane | sampun binêkta lungguh | munggèng kursi agya dènnyangling | jendral sun jaluk tiyang | putung tiyang ingsun | mulane kalunta-lunta | jêbul kene pan ingsun iki rad Turki | iki cape rajèngwang ||
8. tuwan jendral sigra aningali | cape Jêng Sultan Muhamad Lekan | Rum Ingadli ratu gêdhe | kêkalih êcapipun | Kangjêng Sultan Mustapa Rumi | jendral sêngkut mangrêpa | langkung sugun-sugun | tuwan paduka dèn sabar | dene tuwan saèstu nangkoda Turki | kadhapur ing nagara ||
9. dene antuk cape ratunèki | yêkti kajêjêr nangkodèng praja | mila dipun ragi rèrèh | kula turi tan wurung | inggih amrih ingkang prayogi | mantuk lah iya jendral | sun anti sanggupmu | ingsun rèrèn tanahira | mênawa na wong sikara marang mami | măngsa bodhoa sira ||
10. tuwan jendral matur ngasih-asih | sintên purun tuwan kula rêksa | ing sadhahar inumane | anulya pamit wangsul | mring parau jendral ngurmati | angatêr lan sugata | sarwi wuwusipun | tuwan yèn wus tigang dina | inggih tuwan kawula aturi malih | dhatêng wisma kawula ||
11. saungkure Tuwan Sèh Ibrahim | Jendral Jakub Musêl pirêmbagan | lawan dêlèr dhirèkture | pan Dêr Phara ranipun | iya Petrus Albetrus prapti | jendral atutur warta | ana nangkodagung | sangking Turki bijaksana | ing praptane palwa putung tiyangnèki | têmah kalunta-lunta ||
12. gawa cape Sultan Rum sayêkti | iki patut yèn sinilih basa | iya ngakua dutane | kangjêng sultan ing Ngêrum | amariksa rusaking Jawi | sapa kang dadi purwa | Jawa rusakipun | kang aprang nora maria | Mangkubumi sayêkti lamun amanggih | sultan ing Rum dukanya ||
13. sayêktine kêkês Mangkubumi | nuli nurut iya saparêntah | ing Kumpêni pratikêle | anut ginawe ratu | ing nagara Jawi sapalih | dhirèktur pan Dêr Phara | pan Petrus Albertus | myang sagung rat pênidiya | wus sarêmpêg amung kari [ka...]
--- 103 ---
[...ri] pikir siji | ambobot maring opah ||
14. ana ingkang tri atus sêsasi | ana ingkang tangatus sawulan | limang atus nêmatuse | puniku reyal sêpuh | sigra jendral ingkang mêdhoti | patang atus sawulan | patang atus kêtun | cêkak landhung wus bêjanya | ing tutute sakênane Mangkubumi | nurut marine aprang ||
15. saingone sabature sami | wong rongatus kang anèng baita | kang atunggu dagangane | sawêdhus bêrasipun | sabêrambang bawang dhognèki | samenyak samarica | kapulaganipun | wus sah ingkang binicara | nulya ngutus mring pulo Drus komasaris | lawan kaji satunggal ||
16. wong Makasar Ki Kaji Duljaki | ingkang bisa basa Turki Arab | ing pulo Drus sapraptane | sarta bêkta sasuguh | warna-warna sapitung konthing | pamrihe kasaida | bature rongatus | kanggoa satêngah wulan | wusnya panggih lawan Tuwan Sèh Ibrahim | nuju amaca kitab ||
17. kitabira wontên kalih pêthi | kagyat dulu komasaris prapta | lan akathah gêgawane | kalangkung sukanipun | komasaris wus tata linggih | alon manis têmbungnya | tuwan kula ngutus | dhatêng putra jêngandika | tuwan jendral asung pratăndha ngurmati | rèhning paduka prapta ||
18. inggih wontên tanah ing Batawi | aprasasat Sultan Rum kang prapta | angrahmati ing dasihe | sasat dhawuhan daru | amadhangi nagri Batawi | mung tuwan kang sayogya | pinintanan tulung | ing sagunging para susah | sultan ing Rum baboning ratu sabumi | tyas nulya paripurna ||
19. kula ngutus ngaturi udani | nagri kang tuwan ciki punika | sapangetan saurute | manggih susah kalangkung | sagung daganganing Kumpêni | kèndêl datan lumampah | pirang-pirang taun | Kumpêni rugi kewala | ingkang mawi ing tanah Jawa ajurit | sinapih datan kêna ||
20. wontên anaking raja satunggil | namanipun Radèn Mas Sujana | Mangkubumi ing samangke | angamuk pirang taun | datan kêni apês ing jurit | langkung sawindu dènnya | amurwèng prang pupuh | eyangipun prajangjean | lan Kumpêni manjing darah kulit daging | sagêbyaring baskara ||
21. awon-ingawonan botên kêni | èwêdipun tinadhahan ing prang | sasat prang lawan putune | tinêmênan puniku | nistha aprang putu lan kaki | rinewang prang wêtara | tan kêni sinêmbur | atusan sabên ayuda | pêpatine wutahing rah dalajadi | bumi satêmah rêngka ||
22. putra tuwan jendral nyuwun runtik | sayêktinipun langkung bêbana | bilih dados usadane | tanah Jawi pukulun |
--- 104 ---
angipuka ing Mangkubumi | pasthi tuwan ginêga | jêr tuwan jinis Rum | Mangkubumi yèn kênia | ingadêkkên raja sapalih ing Jawi | kèndêla amangun prang ||
23. putra tuwan jendral anyaosi | kawan atus kêton sabên wulan | Sèh Ibrahim duk myarsane | kalangkung ngungunipun | ana ingkang karasèng galih | Sèh Ibrahim ngulama | dhangan ing tyasipun | rêsêp karya kabêcikan | ya warahên si jendral aja kuwatir | ing samono prakara ||
24. aja nganggo iya dèn owahi | yèn amurungakên wong tukaran | pan wus gêdhe ganjarane | mungguh Hyang Maha Luhur | komasaris sumaur aris | tuwan putra andika | jêr wus nandêripun | măngsa kênaa tinulak | angandika wau Tuwan Sèh Ibrahim | ya warahên si jendral ||
25. besuk esuk sun têmu pribadi | karo jendral padha rêrêmbugan | ingkang linakon bêcike | wajib amrih rahayu | iya maring isining bumi | ingsun iki wong dagang | ngancik nagarèku | lagi nêmu kasusahan | kuwajiban angêntèni milu mikir | mulyane kang nagara ||
26. komasaris lan Kaji Duljaki | sampun pamit lumbaya lumarap | wus minggah dharat lampahe | lajêng panggih gurnadur | Jendral Jakup Musêl anganti | lawan dhirèkturira | Petrus ya Albetrus | komasaris praptanira | ngaturakên saguh Tuwan Sèh Ibrahim | têtulung ing prakara ||
27. tanah Jawa marine ajurit | akarya mandhêging dêdagangan | bumi kèh dadi rusake | apan ing dintên esuk | rama tuwan mariki malih | amatêngakên rêmbag | mrih kalakonipun | wajib tulung kasusahan | duk miyarsa ing karsane Sèh Ibrahim | suka angarsa-arsa ||
28. kunêng dalu kawuwusa enjing | komasaris kang kinèn amapag | bêkta rumbaya lampahe | sapraptaning pulo Drus | Sèh Ibrahim wus dèn aturi | wau gurnadur jendral | ing sawingkingipun | utusan amêpak bala | dragundêre rongatus lan jalan kaki | urmat baris yèn prapta ||
29. kang pinêthuk Tuwan Sèh Ibrahim | lan amêpak ing rat pênidiya | baris wus miranti gone | dêlèr kalih tinuduh | mêthuk reta pinggir pasisir | kang pinêthuk wus prapta | têdhak ing parau | sigra ingaturan minggah | ing kareta minggah Tuwan Sèh Ibrahim | lajêng karetanira ||
30. praptanira jendral mêthuk aglis | lawan sagunging rat pênidiya | gupuh-gupuh tênagane | kadya urmat ing ratu | jendral langkung angasih-asih | kinanthi rinarêpa | wus binakta lungguh | sagung
--- 105 ---
kang rat pênidiya | sami tabe wus samya linggih ing kursi | Sèh Ibrahim ngandika ||
31. apa nuli jendral pikir iki | apa tamban mungguh lakuningwang | Jakup Musêl lon ature | inggih salêrêsipun | tuwan kula ajrih ngaturi | yèn tuwan sampun dhangan | Tuwan Sèh amuwus | manawa na pikir liya | liya ingkang ginawa si komasaris | aran wong pêpikiran ||
32. ingkang enak padha dèn lakoni | lamun sira kabotan ing pêrang | ya sira aja andalèh | lamun wong dagang ingsun | lamun ingsun kirima tulis | marang ing ratuningwang | anuwunkên bantu | aja maido maringwang | pasthi olih iya prajurit rong kêthi | sok kêlara nyugata ||
33. iya sapa mungsuhmu ajurit | dadèkêna ancur sanagara | iya ngong kaduga bae | pan iya ratuningsun | bangêt asih ing awak mami | Sultan Muhamad Lekan | narendra pinunjul | sumbagèng rat pramudèng prang | prajurite kabèh pitung puluh kêthi | yèn ingsun utusana ||
34. tur wuninga lamun awak mami | dagang ngambah ing nagara susah | susahe nuju prang rame | mrih mulyaning prajèku | ingsun nyuwun kirim prajurit | nadyan patang kêthia | pasthi lamun antuk | ingsun sira aku bapa | antêp ingong iya jendral nora wigih | nglakoni sarat jaja ||
35. ingsun iki sira gumatèni | sampe mati nglabuhi prakara | iya mrih rahayu ngakèh | jendral mangrêpa matur | langkung sangking tarima kasih | langkung sangking kalingga | dede wawratipun | tuwan inggih tanah Jawa | amung ewon langkunga botên kuwawi | pasthi praja suwak brak ||
36. têmah ajur botên dadi takir | mila tuwan panuwun kawula | mung ngipuk kang sami darbe | amrih puruna rukun | sampun kongsi sêlayèng budi | wong cili karisakan | kasihan kalangkung | nênulari tanah sabrang | gawe mandhêg marang dagangan Kumpêni | windon rugi kewala ||
37. amung tuwan pantês ngusadani | risakipun inggih tanah Jawa | tuwan tunggil agamane | aluhur sultan ing Rum | mila tuwan kula aturi | măngsa sagêda băngga | ing salêrêsipun | yêkti agamane cacat | yèn mopoa tuwan pitutur mrih yêkti | kadi anut kewala ||
38. sigra wau Tuwan Sèh Ibrahim | iya ingsun ora gawa rewang | wong Turki sun tinggal kabèh | sun gawanana batur | tuwa roro bocah kêkalih | Duljaki ingsun gawa | akèh karyanipun | kang minăngka juru basa | tuwan jendral sigra dènnya marentahi | kang juroni baita ||
39. nuju
--- 106 ---
wontên duta ing Samawis | utusane Dipati Samarang | Wiryamanggala namane | kalawan mantonipun | namanira Dyan Wirasari | gandhèk ing Kartasura | nênggih lurahipun | syargi sumare Lawiyan | duk wiwite pakêthip lunga angungsi | pangan marang Sêmarang ||
40. sinarêngkên Tuwan Sèh Ibrahim | ingantuke nunggil sabaita | sira Wiryamênggalane | kalawan ingkang mantu | Wirasari wus mancal aglis | samarga ing lautan | anggung andêdangu | pratingkahe tanah Jawa | Kyai Wiryamanggala umatur aris | tuwan anak kawula ||
41. Wirasari puniki kang abdi | dhatêng sang prabu ing Kartasura | dadi wong kandêl têgêse | lêlurah gandhèkipun | malah tate kinèn tut wuri | kang rayi kang prakosa | samangke puniku | Pangran Mangkubumi nama | prawirèng prang samangke kang dadi kardi | anggung numpês Walănda ||
42. duk miyarsa Tuwan Sèh Ibrahim | langkung suka anggung atêtanya | Wirasari cinêlake | lêga ing manahipun | myarsa ture pun Wirasari | yèn agung sok dinuta | jênêngi prang pupuh | duk ingabên mring kang raka | lawan pira-pira kang mungsuh katitih | tanna măngga puliha ||
43. dadosipun mangkotên puniki | ing nguni Jendral Emub punika | prapta ing Surakartane | nuntên saantukipun | kesah Pangran Amangkubumi | lajêng prang tanpa wêkas | inggih sami batur | dadya lêtuh kang nagara | pan ing mangke tuwan kula tan udani | ngungsi wontên Samarang ||
44. wus têtela Tuwan Sèh Ibrahim | sangking Radèn Wirasari turnya | yèn abêcik têtêkone | lan bêcik dhapuripun | nguni Pangran Amangkubumi | kunêng kang alêlampah | Tuwan Sèh nèng laut | wau suratira jendral | sabên kantor Têgal Jêpara Samawis | wus sami kadhawuhan ||
45. suratira jendral ing Batawi | Sèh Ibrahim Tuwan Sarip Bêsar | sultan ing Rum carakane | dèn padha sugun-sugun | singa-singa kang dèn ampiri | dutane raja besar | dèn cakut dèn takut | aja gêgawa maringwang | tuwan jendral langkung dènira nasabi | mingit panggawenira ||
46. wau lampahira Sèh Ibrahim | kèndêl Têgal Petor Palêm mapag | langkung panyuba-nyubane | mung kèndêl kalih dalu | lajêng mancal dhatêng Samawis | sadalu lampahira | êbyar praptanipun | petor bêsar ing Samarang | duk miyarsa mêthuk mring pinggir pasisir | panggih lajêng binakta ||
47. marang petor [pe...]
--- 107 ---
[...tor] bêsar wismanèki | sinaosan gêdhong kang santosa | Tuwan Sèh makuwon rèrèh | pan dêlèripun suwung | pan anglurug mring Sokawati | Wirasari kalawan | Wiryamênggalèku | samya kinèn umantuka | yèn wus aso têlung dina kinèn bali | gawoa[6] roning kamal ||
25. Sinom
1. sawusnya so tigang dina | sira Radèn Wirasari | marak Tuwan Sarip Bêsar | sarta sugata mêrnani | sawusnya tata linggih | Tuwan Sèh Ibrahim dangu | Wirasari kayapa | suwunge si dêlèr iki | ya ta matur Wirasari inggih tuwan ||
2. sami wontên panglurugan | inggih kang dipun lurugi | ingkang kula turkên tuwan | Pangran Arya Mangkubumi | kang madêg narapati | lawan karsane puniku | mangke pinukul ing prang | inggih kinarubut kalih | lan putrane Pangeran Mangkunagara ||
3. Tuwan Sarip duk miyarsa | iku priye Wirasari | manawa kasêlak rusak | miwah matia ing jurit | sapa sun candhak malih | tanah Jawa sida ajur | sira angupayaa | kang nêkakkên layang mami | apadene ingsun arsa tatêmua ||
4. Wirasari matur nêmbah | inggih tuwan kadipundi | wong sawêg ajêng-ajêngan | ingkang dipun utus ajrih | kalayan sănggarunggi | winastan karyaning mungsuh | yêkti manggih cilaka | tuwan dipun sabar kêdhik | petor bêsar nambungi lah inggih tuwan ||
5. dene satêngah arungan | kasihan ingkang tinuding | Tuwan Sarip Bêsar tanya | marang petor ing Samawis | petor sapa kang bêcik | manawa sira wus wêruh | kang padha duwe Jawa | saliyane Mangkubumi | petor matur kula tuwan dèrèng mirsa ||
6. mung sawêg siji punika | pratandhane yèn ajurit | dèrèng purun prang culika | sanadyan balane kêdhik | lamun tinonjok tulis | pinurugan mungsuh agung | yèn sampun sanggup mapag | rêmak-rêmpu dèn lakoni | mundur risak adate tuwan punika ||
7. yèn balane nuju kathah | ingkang amarani kêdhik | tinonjok sanggup tan mêdal | pan inggih tulus ngoncati | botên prang cidrèng gêndhing | wêkêl tuhu watakipun | Mangkubumi punika | liyane sami prang gêndhing | aprang cidra Pangeran Mangkunagara ||
8. tuwan waradin sadaya | papêrange trah Matawis | sawêg satunggil punika | Mangkubumi wus prajurit | nadyan watêke inggih | măngsa têbiha puniku | wau duk amiyarsa | suka Tuwan Sèh Ibrahim | padha lawan Wirasari tuturira ||
9. petor malih aturira | tuwan malih saprakawis | kang sampun umadêg nata | puniku gih tyase bêcik | alus budi lêstari | santosa maring Yyang
--- 108 ---
Agung | Sèh Ibrahim lingira | boya catur kang wus dadi | sisihane kang sun catur mèt prayoga ||
10. petor bêsar aturira | inggih dipun sabar kêdhik | kalamun sampun kantênan | pacampuhaning ajurit | kula ngupados nuli | ingkang pantês kula utus | sêdhêng mantun arungan | rèrèh tyase Sèh Ibrahim | ya ta kunêng gantya malih kawuwusa ||
11. Pangeran Mangkunagara | kang abaris Batutangkil | idêlèr baris sumêngka | sami tanah Sokawati | pangeran kirim tulis | Kudanawarsa ingutus | kanthi Ranadiningrat | bêkta tumênggung kêkalih | lan tumênggung nênggih Suramangunjaya ||
12. bêkta kêkapalan dhomas | prasamya milih turanggi | amung dhawuk lawan pancal | banderanipun sasupit | kathah saruwal abrit | sangkêlat kêstin baludru | sadaya pêpilihan | prajurite bêcik-bêcik | sami kuda dhawuk pancal lan palăngka ||
13. praptane baris sumêngka | dêlèr amêpak prajurit | aglar baris ngara-ara | upêsir lan pra dipati | atarab munggèng kursi | dêlèr munggèng tarub agung | lawan Pangran Pancuran | idêlèr sandhinge linggih | praptanira Dipati Kudanawarsa ||
14. idlèr ngadêg nèng taratag | amêthuk wau kang prapti | Dipati Kudanawarsa | cingak sagung wong pasisir | dhapure amantêsi | gagah rowa rikat bagus | kadya Bambang Swatama | dene punggawa kêkalih | Suramangunjaya lan Ranadiningrat ||
15. kadya Nangkula Sadewa | kalihe apêkik-pêkik | katri punggawa binêkta | wus sami lênggah ing kursi | nunggil Ki Adipati | Samarang dènira lungguh | sira Kudanawarsa | angaturkên surat aglis | wus tinampan idlèr lajêng anupiksa ||
16. sawusnya têlas winaca | urmat drèl baris Kumpêni | gupênur nuduhkên sigra | marang Kudanawarsèki | lah Danawarsa iki | apa ta pangling sirèku | maring Pangran Pancuran | kagyat dongong sangêt pangling | sigra ngujung Dipati Kudanawarsa ||
17. punggawa kalih anulya | prasami mangsah ngabêkti | gumujêng Kudanawarsa | bêndara sampeyan nênggih | andadak kaki-kaki | asêpuh kula satuhu | kang mirsa sangêt cingak | dene botên kakang adhi | pêpatute kaya anak lawan bapa ||
18. gupênur alon wuwusnya | hèh Kudanawarsa iki | pangeran pikire iya | yèn uga patêmon mangkin | yèn kang rama miyarsi | yêktine sangêt angamuk | tan kêna tinadhahan | milanggung nglêlèdhèk mangkin | yèn apranga sadèrènge pêpanggihan ||
19. sayêktine mănda-mănda | kêna tinadhahan tipis |
--- 109 ---
iya sun nurut kewala | nuli amriha ngajurit | mêngko ana ing ngêndi | ingkang rama barisipun | taksih wontên ing Bancar | balanipun wuwuh malih | wong pasisir kalawan wong Surakarta ||
20. anakipun Pringgalaya | Pringgadiningrat ambalik | ambêkta samantrinira | mantri gêdhe tumut balik | mangkya kadya pangarsi | nèng Tinawas barisipun | dêlèr ngungun miyarsa | sakarsane wus nuruti | mring rêmbage Pangeran Mangkunagara ||
21. pinutus sagung bicara | rampung Kudanawarsa mit | kalawan sakancanira | mêdal sajabaning baris | sami nitih turanggi | wadya kuda wolung atus | anuju maksih Siyam | tanggal wolu likur nênggih | lampahira Dipati Kudanawarsa ||
22. wau ta sapraptanira | ing barisan Batutangkil | lajêng sowan ngarsanira | Pangran Mangkunagarèki | matur saha wotsari | ngaturakên tabenipun | dêlèr lawan kang raka | Pangran Pancuranirèki | salamipun inggih dhatêng ing paduka ||
23. ing mangke raka paduka | inggih sampun kaki-kaki | pangeran alon ngandika | iya mandi sapa mangkin | Danawarsa wotsari | pun Jawirangrong pukulun | ompong uwane samya | pangeran gumujêng bêlik | Danawarsa kang êmas apa prakosa ||
24. umatur Kudanawarsa | baluncing arêngkik-rêngkik | kados kêkathahên madat | biru pasêmon bakiwit | pangran gumujêng malih | prandene kudu kumênthus | akon ngêntèni ing prang | anyumbari ing kiyai | dibantinga macèthèt dadi nêmbêlas ||
25. gumêr kang sami nèng ngarsa | Kudanawarsa wotsari | pun dêlèr mangkê sumăngga | ing paduka apêpanggih | botên kadi rumiyin | asangêt pamêksanipun | mangke dhèrèk sakarsa | sampun marêm tyasirèki | dene kula kenging pêpanggih punika ||
26. ing benjing sampune bakda | anuntên umangsah jurit | nglanggar rama jêngandika | inggih angaturi aglis | pangeran ngandikaris | wong mungsuh kiyai iku | yèn ana lor bêngawan | aja wani anyabrangi | pan amungsuh iya wong sajagad-jagad ||
27. adat wonge desa samya | dadi mungsuh gêdhe cilik | têkan bocah angon ika | padha milu ngamuk bêngi | tan ana marentahi | dudu kiyai kang nuduh | dhasar padha wong desa | kudu padha ngamuk bêngi | ambêbingung karya rusak ing akathah ||
28. yèn kene lawan tan nyabrang | pasthi kyai anyabrangi | sayêkti sangêt bramatya | yèn rusaka
--- 110 ---
Sokawati | kunêng gantya winarni | kang anggung sungkawa nêkung | kang masanggrahan Bancar | Susunan Amangkubumi | sakalangkung anênêdha ing Hyang Suksma ||
29. pangunadikaning driya | yèn mangkene tanah Jawi | alawas nora raharja | apa ta durung pinasthi | mulyaning tanah Jawi | yèn tan winarisa ingsun | ngur ingsun cinupêta | besuk satêngahing jurit | yèn mangkene yêkti andêdawa wirang ||
30. sawadyane ingundhangan | padha salah ta kajati | anjungkung nêdhèng pangeran | mangkana Sang Adipati | Suryanagara nênggih | miyarsa pawarti katur | sangking nagri Samarang | yèn wontên caraka prapti | sangking ing Rum Jêng Sultan Muhamad Lekan ||
31. utusan amariksaa | risakipun tanah Jawi | apa ingkang dadi purwa | Sarip Bêsar kang tinuding | jêjêr prayayi Turki | gêng inggil siwêr abagus | nèng gêdhong petor bêsar | inggih kèndêle samangkin | angantosi prayogine kang dinuta ||
32. Kumpêni ajrih sadaya | anggêpe sami anggusti | dhatêng Tuwan Sarip Bêsar | ingih Tuwan Sèh Ibrahim | warti duk sangking Turki | wadyanipun kalih èwu | punika mêmisanan | lawan Sultan Rum Ngadêli | ingkang nama Jêng Sultan Mukhamad Lekan ||
33. kumêpyur wardayanira | sang nata osik ing galih | apa ta iki dhawuha | iya pitulunging Widhi | rusake tanah Jawi | kapyarsa sangking nagri Rum | baya ta linuwaran | kêlême nagari Jawi | singa-singa iya kang dadi jalaran ||
34. sang nata alon ngandika | adhi Suryanagarèki | bêcik sira anêlika | marang nagari Samawis | yêktine kang pawarti | Suryanagara umatur | inggih langkung prayoga | Arya Jayèngrana aglis | nêmbah matur kawula adarbe magang ||
35. punika langkung prayoga | têtiyang sangking pasisir | kadi botên kawênangan | kadange wontên Samawis | ngandika sri bupati | iya undhangên ngarsèngsun | ingkang tinuduh mêdal | Jayèngrana animbali | lêbêtipun angirit kang badhe duta ||
36. sapraptanirèng ngayunan | dinulu langkung prayogi | abirawa asêmbada | lajêng dhinawuhan wêling | nêlika mring Samawis | ana caraka sangking Rum | iku waspadakêna | priye anggêping Kumpêni | lah mangkata nêmbah kang dinutasmara ||
26. Asmaradana
1. kunêng malih kang winarni | Pangeran Mangkunagara | rêmbage lawan idêlèr | idlèr apan arsa nglanggar | nyabrangi lèr bêngawan | angêsuk saênggènipun | mring Susunan Kabanaran ||
--- 111 ---
2. pangeran rêmbagirèki | pratela wataking mêngsah | tinutur marang idêlèr | wong bumi kang pira-pira | wong desa dadi mêngsah | gêdhe cilik padha ngamuk | sabên bêngi pan wus adat ||
3. yèn inganti kidul kali | mungsuh iku lawas-lawas | yèn Sokawati rusake | sayêkti nuli anglanggar | Pangran Mangkunagara | pamit marang idlèr wau | arsa mring măncanagara ||
4. pisaha sakêdhap nuli | mungsuh iku banjur prapta | Kumpêni ginêcak age | samăngsa badhe nabranga | kula anuli prapta | anggitik sangking ing pungkur | dêlèr anurut kewala ||
5. budhal sangking Batutangkil | Pangeran Mangkunagara | kêbut sawadyakusyane | tanggal kaping tiga Sawal | gumuruh wadyanira | anggêcêg nagri Madiun | angampiri Jagaraga ||
6. bupati ing Jagaragi | amêthuk ing prang sakêdhap | lajêng alorod mangalèr | Pangeran Mangkunagara | lajêng sabalanira | anggêcak nagri Madiun | wus prapta jajahanira ||
7. Madiun miyarsa warti | gègèr têpiswiringira | kadhatêngan mungsuh gêdhe | duk lagya amêpak bala | badhe bantu ngayuda | Pangran Dipati Madiun | têtulung mring Pranaraga ||
8. wande dhatêng Pranaragi | mantri tampingan turpiksa | mêngsah punika wartane | inggih raka jêngandika | Pangran Mangkunagara | langkung gêng dêdamêlipun | pangran dipati miyarsa ||
9. kang raka dipun aturi | Pangeran Purwanagara | sapraptanirèng dalême | pangran dipati ngandika | kakang Purwanagara | gêdêre mungsuh kang rawuh | kang êmas mikunagara[7] ||
10. Purwanagara nauri | adora warti punika | mriki punapa damêle | wong sawêg ajêng-ajêngan | lan rama jêngandika | wong warta liwat agadur | amrih gêgirisi mêngsah ||
11. Purwanagara nulyamit | wontên mantri malih prapta | langkung pratela ature | èstu raka jêngandika | piyambak ingkang tindak | langkung gêng dêdamêlipun | pangeran dipati sigra ||
12. siyaga sawadyanèki | budhal dhatêng wismanira | Pangran Purwanagarane | prapta pangeran ngandika | kakang lah dawêg kesah | dede wadine kang mungsuh | amopo Purwanagara ||
13. pinaksa ingajak gingsir | Pangeran Purwanagara | nanging maksa pamopone | ature Purwanagara | sampeyan langkung karsa | suwawi kula tut pungkur | ing saonjotan kewala ||
14. budhal pangeran dipati | Pangeran Purwanagara | ngatêrakên ing
--- 112 ---
lampahe | dupi antuk saonjotan | wangsul Purwanagara | sapraptaning dalêmipun | kêbêk wong ngili busêkan ||
15. para mantri angaturi | luhung anggèr gumingsira | kang mêngsah dede bobote | Pangeran Purwanagara | bêkuh tan purun kesah | tinangisan rabènipun | ingajak angoncatana ||
16. nanging puguhe kapati | maksa maido kewala | Si Ranadiningrat bae | agawe-gawe lok ika | tan adangu gumêrah | mungsuh praptèng ngalun-alun | turăngga tanpa wilangan ||
17. lajêng angêpung bathithit | angubêngi pagêr bata | Purwanagara balane | kathah malêduk sar-saran | binujung maring mêngsah | amung sèkêt balanipun | kang muwêr tumut jro bata ||
18. akèn nabuh Carabali | Pangeran Purwanagara | mungsuh prapta sami kagèt | Pangeran Mangkunagara | wau duk amiyarsa | kang Carabalèn angungkung | kang langkung bramantyanira ||
19. ing ngalun-alun wus prapti | wadya kinèn angrampida | amadung lawang korine | mènèk ing pagêre bata | wadya ngarsa turira | rayi paduka wus dangu | lolose ngalèr angetan ||
20. dene kang kantun puniki | amung pun Purwanagara | kang anatab Carabalèn | pangran langkung dukanira | wadya parêng tumandang | angandhani banonipun | ana kang madungi lawang ||
21. wus bujad lawangirèki | jinêjak ing Ănggaima | pan Walănda mantri jêro | satêdhake sangking kuda | tumut prajurit ngarsa | Ki Ănggaima malêbu | sarwi anyangking sanjata ||
22. kang wetan kalêbon nuli | ingkang manjing bêbutulan | lajêng acampuh prang rame | Pangeran Purwanagara | maksih anabuh kêndhang | lêbête Ănggaimèku | angadêg Purwanagara ||
23. durung nyandhak waosnèki | maksih nyêkêl tabuh kêndhang | kêndhange kang Carabalèn | sigra wau Ănggaima | Pangran Purwanagara | sinanjata nginggil susu | watgata lajêng aniba ||
24. Ănggaima malayoni | kancane nusul wus kathah | malêdug wadyabalane | ingkang kacandhak wolulas | kang sami pinêjahan | ingkang kathah-kathah tumut | prasami kacandhak gêsang ||
25. Ănggaima angakahi | ing Pangran Purwanagara | lajêng pinocok sirahe | akathah bandhanganira | kancane jawil sigra | hèh Ănggaima sirèku | wis-uwis lah undurana ||
26. iku kang sira patèni | sêntanane gustènira | ibune kang mati kuwe | pan putri Kaèrucakran | Pangeran Èrucakra | kadange susunan prabu | dadi iku
--- 113 ---
sanak misan ||
27. kalawan gustinirèki | Ănggaima duk miyarsa | sumiyat pucat ulate | wus katur marang pangeran | pêjah Purwanagara | Ănggaima praptèng ngayun | bongkok pêdhang dhuwungira ||
28. pangeran kagyat ningali | wontên atur Ănggaima | kang mêjahi pangerane | nênggih pun Purwanagara | dèrèng wruh yèn santana | ing mangke sawêg angrungu | mila atur pêjah gêsang ||
29. pangeran gumujêng bêlik | asru dènnya angandika | Ănggaima aja kowe | iya dadak kasusahan | nadyan iku sêntana | ujêr dadi satruningsun | băngga wajib pinatenan ||
30. lah iya bêkjanirèki | saparabote kang kêna | wus sah duwèkira kabèh | lêga tyase Ănggaima | tur sêmbah kaping sănga | gumêr kang sami andulu | panêmbahe Ănggaima ||
31. Radèn Sumadirja prapti | apan sampun pinaringan | nagri Madiun saparo | lungguh anèng kasêpuhan | nama gêntèni rama | Pangran Mangkudipurèku | dene Madiun kanoman ||
32. arine kang anglungguhi | nama Radèn Sumadirja | limang èwu kanomane | pitung èwu kasêpuhan | sawusnya pêparentah | Pangran Mangkunagarèku | budhal maring Pranaraga ||
33. pangajêng budhale enjing | wuwusên ing Pranaraga | Pangran Mangkudiningrate | prapta kidul Pranaraga | anjog sangking ing arga | pinêthuk prang rame campuh | lawan Radèn Surabrata ||
34. langkung dènira gagahi | Ki Tumênggung Surabrata | mila ngantêb kuwanène | kawratan ing Danakrama | sang natèng Kabanaran | mila labuh rêmak rêmpu | suka mati ngayahan prang ||
35. ing sabên dina ajurit | lan Pangran Mangkudiningrat | datan gingsir ing yudane | dadya tan bisa anênga | Pangran Mangkudiningrat | nètèr pinggir wukir kidul | pêngkuh prange Surabrata ||
36. wontên mantrine tur paksi | marang Radèn Surabrata | anggèr punika wartane | dêdamêl sangking lèr prapta | Pangran Mangkunagara | mêntas bêdhah ing Madiun | pêjahe Purwanagara ||
37. luwung suwawi gumingsir | kasupit ênggèn punika | Surabrata lingiralon | paman Răngga Sutadipa | lingsêm kula oncata | pan dèrèng katingal mungsuh | matur Răngga Sutadipa ||
38. yèn katingal kadipundi | Pangeran Mangkunagara | dene sêsanggan balane | angling Radèn Surabrata | lamun mangkatên paman | rêrepot wadonan iku | gawanên mungggah ing arga ||
39. wong arêp andika kêrig | ngiring rêrepot sadaya | kula
--- 114 ---
dika tinggal bae | wong pitung atus turăngga | kang sami pêpilihan | wonge lawan kudanipun | wus bubar ungkur-ungkuran ||
27. Pangkur
1. kang ngili lan ingkang mapan | Surabrata sampun angèsthipati | amung kuda pitung atus | patang rakit bandera | Surabrata ambêndhe nglanggar mangidul | wadya Mangkudiningratan | panganjure anadhahi ||
2. sinarêmpêng sampun dhadhal | kagegeran sami minggah ing wukir | wau Rahadèn Tumênggung | Surabrata barisnya | majêng ngilèn pamrihe sami pakantuk | mung êlor lamun praptaa | sayêkti sami kaèksi ||
3. Pangeran Mangkunagara | barisira kèndêl nèng Kaliasin | andangu mantri pangayun | kang rayi ênggènira | dèrèng ngancik nagari maksih nèng gunung | apêngkuh wong Pranaraga | Surabrata kang nadhahi ||
4. langkung bramatyaning driya | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | ginêlak ing lampahipun | praptanirèng jro kitha | mantri ngarsa prasamya majêng mangidul | kapêthukan barisira | Surabrata anadhahi ||
5. arame dènira yuda | Surabrata ngundhangi wadyanèki | payo ajana lumayu | sêrodên ing ngayuda | anindhihi gumêrgut sarêng amuwus | mêngko padha lumayua | yèn wus katon payung kuning ||
6. yèn padha Jawa kewala | alêksana apa gawe ngoncati | pangarsa prangira nubruk | êdir pangrasanira | gêtas bae Pranaraga adatipun | mangkya tinunjang apanggah | anyêrot anunjang wani ||
7. kagum kagèt tan anyana | Pranaraga prange băndakalani | pangeran wau kawuwus | duk arsa masanggrahan | jroning kitha pangarsa kawon prangipun | malêdug kathah kabranan | pangeran têngara aglis ||
8. wande makuwon jro kitha | pan kasusu tulung bala pangarsi | bodhol sawadya angidul | Tumênggung Surabrata | duk tumingal ana payung kuning mêtu | asuwarèng wadyanira | payo ngèrèk ngetan aglis ||
9. binêrêg wong jro angetan | dupi cêlak wana sarêng nyamêthi | turăngga kèh sarêng mamprung | ilang manjing ing wana | ting balêsar kathah kang minggah ing gunung | wangsul angilèn pangeran | masanggrahan sawadyèki ||
10. anèng dhusun Kasatriyan | pinggir lèpèn alit ragi atêrbis | wadya makuwon sadarum | kang rayi wus miyarsa | Pangran Mangkudiningrat sabalanipun | wus nunggil anèng Satriyan | lawan kang raka wus panggih ||
11. wau ta kang kawuwusa | kang abaris Bancar sri narapati | andadosakên kang rêmbug | ngêlar-êlar jajahan | Ki Tumênggung Alap-alap kang tinuduh | lan [la...]
--- 115 ---
[...n] Radèn Pringgadiningrat | katiga Dipadirjèki ||
12. sami kinèn mêndhêtana | tanah Pajang urut Gondhang ing Wêdhi | Pamasaran wukir kidul | ing Pedan sapangetan | tri punggawa kêkapalan kawan atus | wus budhal sangking ing Bancar | mas răngga ingkang winarni ||
13. sangking pabarisan ngarsa | wontên prapta sangking măncanagari | Pangran Mangkunagarèku | Madiun wus binêdhah | pangerane Madiun kacandhak lampus | buh kanoman kasêpuhan | pangerane kang ngêmasi ||
14. mas răngga sumiwèng ngarsa | nêmbah matur pukulun sri bupati | pêcah nagari Madiun | pangeranipun pêjah | duka dalêm kang anèm tuwin kang sêpuh | Sri Bupati Kabanaran | wau kalane miyarsi ||
15. kalangkung bramatyanira | angundhangi sagung kang pra dipati | budhalan marang Madiun | enjing sigra têngara | sakathahing prajurit samya akumpul | sumrêg budhal sangking Bancar | anyabrang bêngawan aglis ||
16. Gêrogol kidul bêngawan | kèndêl sangking randhat panyabrangnèki | duk bêna bêngawanipun | măngsa ing rêrêndhêngan | sangking kirang ing baita ana lêsung | ingkang kinarya anyabrang | ana kang karya gèthèk pring ||
17. tigang dina tungtasira | wus akumpul ing Gêrogol prajurit | kang wadya sami tinantun | wani ingadu aprang | lan bature Si Mangkunagara iku | yèn wêdi padha karia | yèn wani barêng lan mami ||
18. umatur purun sadaya | angandika wau sri narapati | padha undhangna wadyagung | sun jabêl paring ingwang | Adipati Mangkunagara puniku | padha sira ngaranana | Si Suryakusuma mangkin ||
19. wadyagung matur sandika | budhal sangking Garogol têngah wêngi | margi anasak wanagung | rêngkêt angèl kalintang | pêtêng-pêtêng pan ginêlak lampahipun | wau lampahe sang nata | langkung angowah-owahi ||
20. sarêng byar kèndêl nèng Karas | ngara-ara wadya pating kulicir | nuntên wontên wong Madiun | prapta atur wuninga | kang wus pasthi Pangran Purwanagarèku | pêjah wontên palataran | wolulas rencange mati ||
21. dene putra padukendra | ngalèr ngetan lolosipun rumiyin | sampun kêdhik abdinipun | malajêng ting balêsar | kilap inggih rusak lan basukinipun | dèrèng wontên kang awarta | duk miyarsa sri bupati ||
22. kalangkung bramatyanira | sigra Gêndhong lan Ranawijayèki | kinèn amisah angruruh | sami lampah anamar | sigra munya têngara budhal gumuruh | sangking Karas lampahira | sadina êmpêt lumaris ||
23. kèndêl rêp anulya budhal | praptanira ing Bayêm têngah [têng...]
--- 116 ---
[...ah] wêngi | wontên prapta wong Madiun | tinanggap aturira | yèn Pangeran Mangkunagara wus laju | sampun wonên[8] Pranaraga | aprang lan Surabratèki ||
24. Surabrata wus kasoran | rencangipun kathah pêjah myang kanin | duk prang lan pangeran timur | apan dèrèng kasoran | kawonipun lan Pangran Mangkunagrèku | kang amukul sangking wuntat | duk miyarsa langkung runtik ||
25. tan nganggo têngara budhal | kang wadyagung tan ana kobêr bukti | miwah tan kobêr aturu | lan sangu sami pisah | sarêng êbyar praptanira ing Madiun | Pangran Dipati Bintara | praptane marêbês mili ||
26. nanging tan purun matura | Pangran Mangkukusuma sami sêdhih | tuwin kang para tumênggung | sami pucat sadaya | Pangran Natakusuma sami tan purun | mas răngga kêkês kewala | pra dipati langkung jêgrig ||
27. wau kang darbe nagara | ing Madiun rawuhe sri bupati | pan kasusu kawur-kawur | nusul mring Pranaraga | sapraptane kasatriyan wanci surup | lajêng marêg ing ngajêngan | matur ngaturi udani ||
28. yèn rama paduka prapta | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | kagyat ir ing dalu gupuh | nimbali pra dipatya | Ki Dipati Kudanawarsa nèng ngayun | Janingrat lan Janapura | miwah ingkang para mantri ||
29. pangeran alon ngandika | kayaparan kiyai iki prapti | wong wadonan besuk esuk | dèn esuk budhalêna | mêtu gunung anjog ing Pacitan iku | angulon anjog Wiraka | mandhêga Sêmbuyan sami ||
30. pangeran malih ngandika | kayaparan Kudanawarsa iki | apa oncat apa magut | matur Kudanawarsa | yèn suwawi luwung oncata pukulun | yèn rêmbag kănca punggawa | dawêg umatura sami ||
31. prasamya kèndêl kewala | sigra pangran wau ngandika malih | kiyai mungsuh lan ingsun | cingcing măngsa kobêra | sawab misih anggang-anggang tarungipun | ingsun wus nêmah wus nekad | pan ingsun anêdya mati ||
32. bocah mantri jro yèn nêdya | têmên-têmên iya sun ajak mati | mantri jro sarêng umatur | sandikane gumêrah | ya jinajal yèn enak lagutanipun | yèn ora enak lumajar | anusul wadonan benjing ||
33. wus dadi pirêmbagira | dalu-dalu busêkan wong pawèstri | udan riwis-riwis dalu | banjir kali Satriyan | langgung[9] agêng lèpène alit tarêjung | dalu undhang karya sasak | kênoa kambah yèn enjing ||
34. wuwusên natèng Banaran | nèng Madiun tan dangu kèndêlnèki | lajêng budhalira jujul | dhatêng ing Pranaraga | ngangah-angah
--- 117 ---
kadya lampahira prabu | nulyage têmpuha ing prang | ilang jatmikaning ngèlmi ||
35. ngalamat badhe kasoran | sarwa supe wêwatak nguni-uni | bubaran babar têkabur | ngawuskên sêdyanira | yèn nêmêni durung dèrèng ngakên darung | mêthik maria kumêthak | mung niyat nuthuk sathithik ||
36. tan anyana yèn kang putra | nêdya nekad anêmah anêmêni | praptèng Pranaraga bangun | wadyane pinarênca | ngêpung bata sang nata kang mêtu ngayun | kapanggih suwung kewala | tan ana manungsa siji ||
37. langkung cuwa ing tyasira | nulya undhang ngumpul sagung prajurit | kèndêl anèng ngalun-alun | sarêng duk praptanira | ingkang putra pangeran dipati nusul | mung bêkta wadya sadasa | marêg ing rama wus panggih ||
38. rinangkul wau kang putra | matur kala binabujung ing jurit | kang rama nyêgah ing atur | uwis aja dinawa | angrêrudah ing tyas amuwuhi nêpsu | kèndêle angantosi byar | sarêng byar manggih wong siji ||
39. wong Madiun sikêp minggat | wus cinêkêl anulya dèn takèni | saure wontên ing ngriku | Pangran Mangkunagara | kidul kilèn dhusun Satriyan gènipun | dhusun Têgal Ampèl lèrnya | sampun rakit ngati-ati ||
40. katur sigra pêparentah | aprang dharat prajurit kang prayayi | prajurit cilik puniku | kang sami nitihana | panggonane jaban pangawat puniku | sangking alun-alun mêdal | sapraptanira ing sabin ||
41. tinata pêngawatira | Răngga Suryanagara têngênèki | kang kiwa pêngawatipun | pangeran ing Bintara | Pangran Mangkukusuma kanthènirèku | Pangeran Natakusuma | Pangran Pakuningrat nunggil ||
42. pangran ngabèi kinarya | lan kang raka pangeran adipati | pangirit ing ngarsa prabu | prajurit Suranata | mantri miji kaparak ing wuri prabu | pinilih lan brajayuda | kang munggèng ing kanan kering ||
43. cêlak lawan sri narendra | sinuwaran budhal sagung prajurit | saengga alun gumulung | Pangran Mangkunagara | sabalane wau duk miyarsa gugup | matah kang măngka pêngawat | kanan Kudanawarsèki ||
44. lan Jayaningrat Mataram | Jasêmbodra pangeran timur kering | Janapura kanthènipun | sami ngigil[10] turăngga | Pangran Mangkunagara kalingan dhusun | lan mantri jêro kewala | nênggih sêdyane ngunduri ||
28. Durma
1. pan kasusu Pangeran Mangkunagara | dènnya nata prajurit | mungsuh sêlak prapta | kang dèrèng nyabrang ngetan | prajurit saragni abrit | lan pêrang tandang | saragni irêng sami ||
2. ingkang lajêng campuh [ca...]
--- 118 ---
[...mpuh] rumiyin pêngawat | Danawarsa ginitik | mring Suryanagara | kanthi lawan Mas Răngga | Kudanawarsa akanthi | lan Ki Dipatya | Janingrat ing Matawis ||
3. rame campuh ing prang sami suranira | rame bêdhil-binêdhil | mas răngga kalawan | Radèn Suryanagara | nêrot angrukêt prajurit | Kudanawarsa | lan Janingrat kalindhih ||
4. binalêdik ing Răngga Suryanagara | pangeran duk ningali | yèn Kudanawarsa | Janingrat wus kasoran | mangsah lan kapêdhak ngampil | wontên sadasa | têtulung ing ajurit ||
5. Wirarana munggèng kerine mas răngga | ya ta pinestul aglis | marang ing pangeran | wêntisira kang kêna | tan pasah nanging asakit | Ki Wirarana | ingundurakên aglis ||
6. Danawarsa Janingrat sami wuninga | yèn pangeran nulungi | sami wangsul sigra | Pangran Mangkunagara | datan angagêm jêmparing | amung sanjata | kumat encok astèki ||
7. wus binêrêg răngga lan Suryanagara | keron dènira jurit | dene Wirarana | kabranan pupu kiwa | sampun binêrêg ing jurit | pêngawat sêmpal | kang kering têmpuh aglis ||
8. Pangran Mangkudiningrat lan Janapura | wus campuh kang anggitik | Pangeran Bintara | Pangran Natakusuma | rame ulêngan ing jurit | kang munggèng dhadha | sang nata marentahi ||
9. payo bocah pinilih lan Suranata | miwah Brajayudèki | têmpuhên kang ika | baris sinang baranang | gone Suryakusumèki | sarêng umangsah | cêlak kalangan kali ||
10. kali banjir prasamya tantang-tinantang | Suranata gêbyuri | ingkang sami lanas | pinilih Brajayuda | kang wus nyabrang campuh sami | ingamuk bubar | wong prang tandang saragni ||
11. rinewangan prang lèrès inggil turăngga | abêr ingkang angungsir | dharat lawan sayah | dènnya mêntas lêlampah | rina wêngi têlung bêngi | tan ana mangan | lajêng gêbyur ing kali ||
12. kang kalêbus akèh tan bisa lumampah | bêrêg jeprok pribadi | bêdhil bari lênggah | tan ana ingkang angsal | wong jeprok binêdhil kêni | wong arip sayah | tatu kêdhik ngêmasi ||
13. sangking kathah kang pêjah gampil kewala | nulya sami kaèksi | ingkang sinabrangan | dede goning pangeran | inguwuh wangsula malih | wangsul sadaya | binêrêg ing turanggi ||
14. ting saleyor tan ana kêras lumajar | tan kongsi nabrang siji | kacandhak sadaya | wontên wong pitung dasa | tumpês mung dadi sak sabin | sabin sakothak | kunarpaning prajurit ||
15. bêcik-bêcik patine gampang kewala | ukur kacuwik mati | wong kang sami
--- 119 ---
sayah | ngêlih sarta karipan | ilang bayuning ajurit | rêkasa mêksa | wau ta kang ajurit ||
16. mantri jêro kang sami alingan desa | ingkang dèrèng ajurit | ngarompol nêm dasa | Midigda Katawêngan | ranu rumênggèng Hyang Rawi | lila mangarsa | arsa umangsah jurit ||
17. kawistara ing rama dènnya kang putra | kèndêl atata malih | amapag angrupak | campuh ramening yuda | Pangran Mangkunagarèki | wingkinging bala | alingan kopad-kapit[11] ||
18. alok êsêm lamun sira lumayua | iya kapêngkok wukir | nadyan dudu sanggan | ing prang payo anekat | bêja mati bêja urip | wadya miyarsa | umangsah ambêg pati ||
19. caruk rukêt ing prang gumuruh wurahan | akathah kang ngêmasi | wadyane kang rama | Wangsèngsari palastra | miwah Kaji Têpsirodin | bêbêcikira | Suranata pinilih ||
20. Ki Mukidin Purwadipura palastra | Ngalimun taha mati | rusak barisira | nirbaya jagabaya | prajurit kaparak sami | kèngêr ing gêlar | ing prang tanpa ngundhili ||
21. kanan keringira sami kaparapal | amung gèn sri bupati | ingkang misih wêtah | pan kinitêr kewala | nêmpuh kanan kering wuri | nira sang nata | wuwuh-wuwuh kang mati ||
22. Pangran Mangkukusuma binêdhil kêna | niba sangking turanggi | katur ingkang raka | sakala langkung duka | angêmbat lawung kumitir | angungak-ungak | kang putra dèn ulati ||
23. Pangran Mangkunagara nora katingal | pijêr amobat-mabit | ngimpun prajuritnya | singa kang mandhêlonga | sêkala dipun jêjêgi | dadya akêkah | sadangunira jurit ||
24. sigra wau Pangran Dipati Bintara | umatur saha tangis | ring raka narendra | suwawi ingoncatan | inggih wadya padukaji | kathah kang tiwas | dhuh kakang prabu aglis ||
25. nulya sri narendra ngingêrakên kuda | pan arsa anuruti | marang aturira | nênggih Pangran Bintara | sumyur wadya kang dèn ungsir | ingkang atahan | tan pisah lawan gusti ||
26. pan ingungsir binendrongan ing sanjata | nênggih samargi-margi | wau pêjahira | Radèn Suraprameya | sadèrènge nabrang kali | dangu kapisah | kalawan sri bupati ||
27. tinututan ngamuk kinarubut kathah | dènira angêmasi | wau sri narendra | kapêngkok lampahira | wadya sakarine mati | sadaya samya | kinèn nabrang rumiyin ||
28. ing bêngawan sêrikêd akulithihan | dèrèng nabrang kudèki | pangeran ngandika | lah mara bêdhilana | Kudanawarsa udani | lamun pangeran | marang kang rama lali ||
--- 120 ---
29. sigra marêg Danawarsa praptèng ngarsa | pan sarwi anapihi | wong kang anênjata | sarwi matur tur sêmbah | dhuh gusti paran puniki | karsa paduka | dhumatêng ing ramaji ||
30. damêl seda sangking margi siya-siya | botên arus ing bumi | inggih yèn paduka | gusti angarsakêna | botên aprang malih-malih | lan rama tuwan | kula kang sagah mangkin ||
31. kula sagah ngengingkên rama paduka | inggih botên amargi | sangking siya-siya | pangeran angandika | anut ing Kudanawarsèki |[12] lah iya bocah | prajurit sadayèki ||
32. aja mêlak mring kiyai ngandhêgana | dimèn nyabrang dèn ririh | mêngko yèn wis nyabrang | nuli kinthilên padha | wau sagunging prajurit | kèndêl sadaya | wus nabrang sri bupati ||
33. balanira ingkang nututi anabrang | pinêlak ing turanggi | anggêbyur ing toya | kèli kathah kang pêjah | pra sêntana pra dipati | nabrang sadaya | kumpul lawan sang aji ||
34. wontên kalih atus kumpule kang yuda | wadyanira sang aji | satus ingkang dharat | lajênging budhalira | prapta rêp anèng Sumampir | kèndêl sadaya | nênggih ngantosi abdi ||
35. ingkang sami kapisah kathah kang prapta | dupi ing têngah wêngi | budhal saha bala | limang atus wus ana | duk kumpul anèng Sumampir | mangke kèndêlnya | ing Tulung sri bupati ||
36. Pangran Mangkunagara wau kèndênya[13] | sakiduling Sumampir | langkung sukanira | unggul dènira yuda | Kudanawarsa ngaturi | kêkalih mêngsah | ingkang kacandhak urip ||
37. namanira Ki Bênêr lan Ki Jaraga | inggih Jaragangukir | pangeran ngandika | ingsun siji kewala | Si Jaraga tukang ngukir | Si Bênêr ika | rawatana pribadi ||
38. byar raina sangking Tulung budhalira | wau sri narapati | angalèr ngilènnya | Pangran Mangkunagara | budhal sangking ing Sumampir | nèng Tulung dènnya | makuwon manggih manis ||
29. Dhandhanggula
1. kawuwusa wau kang lumaris | natèng Kabanaran pan sadina | dhusun Sumambung kèndêle | tanah bumi Madiun | ingkang kilèn watêse nunggil | lawan ing Jagaraga | êlèr kilènipun | langkung rujit kang wardaya | kang kaetang dhawuh dêdukaning Widhi | angas têkabur ing tyas ||
2. kang sumêlang tyasira nrêpati | putra jalu apan kalih pisan | dèrèng kantênan wartane | gêsang lan sedanipun | duk apisah madyaning jurit | kang abdi kathah-kathah | wus sami akumpul | kang prapta duk kèndêlira | ing Sumpir wontên tigang atus nênggih |[14] ingkang katawur samya ||
3. nèng Sumambung dèrèng [dè...]
--- 121 ---
[...rèng] kèndêl prapti | mung kang putra kalih datan prapta | pangran adipati anèm | kalawan arinipun | wau sira Pangran Ngabèi | tyasira mawuyungan | ngurêng rêntêngipun | tan antuk dhahar lan nendra | prapta wau nênggih ingkang punggawa tri | rumiyin kang dinuta ||
4. ngirup-irup ing bawahirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | kang dèn ikut jajahane | kathah têlukanipun | kang binêkta sowan sang aji | nêdya mring Pranaraga | kapêthuk Sumambung | Ki Tumênggung Alap-alap | sami ngujung kalihe Dipadirjèki | katri Pringgadiningrat ||
5. kêkapalan kalih èwu nênggih | angsalira bupati katiga | Alap-alap kapalane | sadaya wolung atus | Ki Tumênggung Dipadirjèki | nêmatus kang turăngga | pan prajuritipun | Tumênggung Pringgadiningrat | gih nêmatus prajurit ingkang turanggi | dharatipun akathah ||
6. langkung asrêp tyasira nrêpati | dadya rèrèh kongsi tigang dina | anèng Sumambung lamine | nulya wau anuduh | angulati kang putra kalih | sira Arya Panatas | anamur tinuduh | lan Dêmang Gogangdhalungan | Dêmang Bulukumêndhung lan Rajêgwêsi | kapat sami anamar ||
7. sigra budhal wau sri bupati | sangking ing Sumambung saha bala | lampahira ngalèr ngilèn | anèng marga sadalu | ya ta wau enjinge prapti | dhusun ing Sokawatya | Sumbêran ranipun | masanggrahan saha bala | ngarêm-arêm sagunging para prajurit | gêladhi ngara-ara ||
8. ingkang ibu anèng Rancang prapti | sêkêl malih kang putra sor ing prang | kang wayah ilang kalihe | nulari sang aprabu | kambuh kambah kadhudhah sêdhih | raga rug kawigaran | wiyoga agiyuh | numpêg manaput ing driya | darawasèng sandea tyasira tistis | matis anrus tan kentas ||
9. kunêng kang anggung sungkawèng galih | jungkung salat natèng Kabanaran | lawan sagung prajurite | wau ta kang winuwus | Pangran Mangkunagara mangkin | ingkang amasanggrahan | wontên dhusun Tulung | lor wetaning Kamagêtan | kidul kilèn sangking Madiun nagari | lèr kilèn Pranaraga ||
10. dangu marang Kudanawarsèki | pira kèhe pêpati sadaya | Kudanawarsa ature | inggih duk mêntasipun | sangking aprang dipun cacahi | kapanggih gangsal bêlah | kajawi pukulun | Rahadèn Suraprameya | miwah Radèn Purbanagara kêkalih | pan amung gangsal bêlah ||
11. inggih punjulipun pan kêkalih | dupi sadalu enjing cinacah | kula kèn mangsuli malèh | akêdhik ingkang kantun | amung sèkêt kirang kêkalih | tilasipun mêrkangkang | inggih kesahipun | anuhun dèrèng kaduga | inggih wontên kapanggih dhusun [dhu...]
--- 122 ---
[...sun] kêkalih | kang dèrèng pati bagas ||
12. tinakenan inggih botên kikib | sarêng mambêd dalu kèh marangkang | sami ngulari kancane | punika wêrtinipun | jêng pangeran jêtung miyarsi | lah batur kang kabranan | ana banjur lampus | apa iya banjur waras | Ki Dipati Kudanawarsa turnyaris | sakawan lajêng pêjah ||
13. kang sadasa lajêng sarasnèki | dadya nênêm têtêpe kang pêjah | sasat pêjah ing ajange | sami lan pêjahipun | gih pun Jayaprameya sami | lan pun Gunawaskitha | ing upaminipun | pati tan kenging ingakal | paran mêngko ing bêcike laku iki | banjur apa mandhêga ||
14. aturira Kudanawarsa ris | yèn ing lampah lajêng umantuka | dhatêng Pajang Mantarame | kangelan tan pakantuk | pan ing bumi măncanagari | dèrèng wontên palihan | ingkang sami suyut | kathah ingkang sami trêsna | pra dipati ing rama tuwan sang aji | suwawi tinêngganan ||
15. ing sawulan kewala ta gusti | tata-tata umacak punggawa | angupados priyogine | wontêna kanthènipun | Pangran Mangkudipura nênggih | mênggah măncanagara | gusti inggih amung | Pangeran Mangkudipura | ingkang sampun kèringan ing kanan kering | prawiraning sudira ||
16. sigra Pangran Mangkunagarèki | yèn mangkono lah payo budhalan | maring Pranaraga manèh | datan kawarnèng dalu | enjing budhal sawadya atri | praptaning Pranaraga | wau kang jinujug | sakidul wetaning kitha | dhusun Wanakarta kang dèn pasanggrahi | wadyagung pamondhokan ||
17. Pangran Mangkudipura ngaturi | kadang ipene ingkang lêlêgan | apan ing nguni randhane | Pangran Silarongipun | inggih dèrèng arsa akrami | antuk kusuma desa | punika tan purun | sumanggèng karsa paduka | nadyan inggih kaparingna para mantri | mijil lajêng paduka ||
18. Pangran Mangkunagara lingnyaris | ingsun eling iya Danawarsa | si paman Purubayane | ngundhêr nèng Gunungkidul | duk tinukup kongsi barindhil | wong ora duwe bêja | cilakane muput | hèh kaki Kudanawarsa | kongkonana si paman Purubayèki | praptaa Pranaraga ||
19. kon angatêr punggawa sawiji | Si Tumênggung Suramangunjaya | kabèh lan sagêgamane | Danawarsa wotsantun | sigra nuding mantri kêkalih | ing marga tan kawarna | praptèng Gunungkidul | panggih Pangeran Purbaya | wus binakta ing marga datan kawarni | praptaning Pranaraga ||
20. lajêng sumiwèng ngarsanirèki | Pangran Mangkunagara ngandika | paman paduka ing mangke | asiliha jêjuluk | inggih nuli paduka rabi | putri [pu...]
--- 123 ---
[...tri] ing Pranaraga | apan randhanipun | paman Silarong duk kina | inggih dèrèng imah-imah malah mangkin | yèn tan antuk pangeran ||
21. dene jêjuluk paman samangkin | Pangeran Arya Cakranagara | manawi wontên bêjane | nama Purubayèku | salamine katoring-toring | padha angèstrènana | sagung pra tumênggung | sadaya saur kukila | duk puniku pangeran wus ningkah aglis | lan putri Pranaraga ||
22. ya ta kunêng kawuwusa malih | Kêdhu Pagêlèn lawan Mataram | Sakèbêr maju barise | sampun tilar ing Kêdhu | amangsuli bumi Matawis | gunung Gamping barisnya | ajêjagang kukuh | tarub kabèh wong Mataram | Kyai Surajênggala lan Rajaniti | kang ngêmbani Walănda ||
23. pun Kapitan Sungrat kang tinuding | baris ngajêng anèng Parambanan | ênggèn pangajêng lamine | Kulman pan Dêr Pol Kêdhu | Mangkuyuda ingkang jagani | Paglèn Kapitan Bagrak | sumambitèng laku | Ki Tumênggung Arungbinang | duk puniku angaturakên pawarti | marang Kapitan Bagrak ||
24. sabalike Mangkunagarèki | marang idlèr saiki wus pêrang | Susunan Mangkubumine | kinarubut ro iku | dêlèr Pangran Mangkunagari | Susunan Kabanaran | wus kasor prangipun | rêmpu balane kèh pêjah | Tuwan Pangran Mangkukusuma ngêmasi | kasambut ing ayuda ||
25. mêksih tumut kang raka sang aji | Pangran Purbaya milu Pangeran | Mangkunagara balike | Kapitan Bagrak muwus | dadi êntèk mungsuh puniki | yèn Mangkubumi rusak | sapa manah mungsuh | nauri Kyai Rungbinang | salawase mungsuh kang băndakalani | mung siji iku iya ||
26. ya ping pira-pira mring Kumpêni | Mangkubumi rusak pinukul prang | lèrèna rong sasi bae | nulyakèh balanipun | banjur aprang amêmalahi | aja kokira-kira | karusakanipun | lamun trah rajèng Mataram | karo badan tan kêna dèn majanani | ngungun Kapitan Bagrak ||
27. duk sêmana Pagêlèn arjaning | pabarisan wus kadi nagara | Sêgaluh pelak patute | pasar agêng ing ngayun | malah dagang Samarang prapti | tuwin Pajang Mataram | dadi joganipun | akèh nungkul pra dipatya | para mantri numbakanyar kabèh prapti | nungkul mring Arungbinang ||
28. Kapitan Bagrak Pêrlos sinalin | ingkang dadi sangking Batawiyah | binisikan Kapitan Sèl | Kapitan Bagrak sampun | budhal mantuk marang Bêtawi | ngungun ingkang
--- 124 ---
tinilar | malih kang winuwus | sultan ing Bantên kèwêdan | wontên Gowong panggenanira sasupit | ing kiwa têngên mêngsah ||
29. kancanipun ingkang tunggil baris | kang pra dipati bubar kewala | nging maksih madêg barise | wontên Gowong puniku | botên nungkul marang Matawis | maring Pagêlèn nora | miwah maring Kêdhu | lan Tumênggung Mangkudirja | kanthinira dèrèng wontên nêdya gitik | kalangkung susahira ||
30. Sultan Bantên sangêt dènnya watir | muwus mring Tumênggung Mangkudirja | kakang tumênggung bêcike | kula kakang anusul | mring Sang Nata Banaran mangkin | kula lumaku namar | botên gawa batur | mung dika gawani kakang | batur dika kang wus wruh Pajang Matawis | inggih siji kewala ||
31. kula dhewe gawa batur siji | laku ngedan cara santri kakang | wus amit rêmbag kalihe | wus lajêng lumastantun | prajurite wong saralathi | mung kantun tigang dasa | tinilarkên sampun | mring Tumênggung Mangkudirja | lampahira nusup dharatan katawis | cara santri kewala ||
32. sabên kèndêl angulari masjid | namanira ngalih Ki Mustapa | wus langkung Kêdhu lampahe | lajêng anikêl gunung | ing Pênthongan kang dèn margani | ngetan anjog ing Tumang | kèndêl tigang dalu | ing ngriku ngupaya warta | panggenane Susunan Amangkubumi | apadhang tuturira ||
33. wontên dhusun tanah Sokawati | kang lèr kilèn wastaning Sumbêran | watawise ing samangke | nadyan kesah gènipun | tan atêbih ing Sokawati | Tumang maksih acungan | ngriki maksih tumut | ing Sang Nata Kabanaran | apêparon maring Surakarta inggih | anulak karusakan ||
34. Sultan Bantên sigra angkatnèki | sangking Tumang angalèr angetan | anjog Gagatan sêdyane | langkung kawêlasayun | arêrendhon lampahirèki | ing lêlakon sadina | dadya tigang dalu | singa kang kandhêg kampiran | sami asih dene pamulune maksih | tan ilang sutèng raja ||
35. nèng Gagatan kèndêl nèng Rêpaking | tigang dalu sangêt sayahira | nèng dhukuh pinggiring lèpèn | wontên surone patut | nêdya ngasokakên ing sikil | wismane Ki Nuriman | nguni kaumipun | Ki Tumênggung Jayadirja | Sultan Bantên ayêm ing papan prayogi | kalawan amiyarsa ||
36. wong sadesa nênggih sami sêpi | sami nambut damêl pasanggrahan | ing Dhuwêt sêsaosane | natèng Banaranipun | masanggrahan [masanggraha...]
--- 125 ---
[...n] badhe alami | sawetaning Gagatan | mung lakon sabêdhug | miyarsa srêp manahira | Sultan Bantên dèn andhêg dèn gumatèni | marang Kyai Nuriman ||
37. têlas labêting sayah lumaris | anèng dhukuh sampun patang dina | dèniradus esuk sore | wus mêdal cahyanipun | ulat tingkah jatmika wingit | yèn kalanira salah | Ki Nuriman tumut | angadani lajêng kamad | sabên sore Sang Prabu Mangkarawati | adan lajêng akamad ||
38. cara Bantên syarane gumrining | Ki Nuriman anake wulanjar | ni mbok Sêridah namane | anginjên sabên dalu | Ki Mustapa saparanèki | yèn maring kali awan | nuli tinut pungkur | ingintip sapolahira | api-api kaprêgok angincang alis | ngêndhokkên kang sêmêkan ||
39. linungsurkên wontên kalih nyari | têpiswiring pambayun katingal | pêpanas driya rakite | Ki Mustapa tumungkul | nora pisan nêdya ningali | nanging sampun karasa | bok lanjar kalamun | dhêdhayoh iki muliha | baya mati ingsun brăngta sipat kuping | Ki Nuriman wuninga ||
40. yèn anake brăngta ing têtami | dalu sasampune bakda ngisa | sami jêjagongan suwe | prapta sugatanipun | bok Saridah takut ngladèni | kêmbên solok têrbaya | sinjangipun wulung | dhêdhêmêne cilik mula | sinjang wulung nanging wêdêlan Samawis | apike bok wulanjar ||
41. sêngkangipun lapak batutangkil | walang sakawung sêsupenira | êmas bèh ro sataile | Kyai Nuriman cukup | ngugung anak dipun tutugi | sapatute wong desa | rijêkine cumpu | mangkana Kyai Nuriman | amêrsudi patakone niti-niti | amrih wêca balaka ||
42. adhuh anak pun bapa puniki | lumaku têmên jinarwanana | sangking ajal kamulyane | miwah sinêdyèng kayun | gih pun bapa wus trêsnèng batin | inggih dhatêng pun anak | balung trusing sungsum | awit pun bapa nyupêna | sadèrènge pun anak prapta ing ngriki | ing bangun ing Jumungah ||
43. wontên sasi lèr wetaning ngriki | surêm kagring anir ing prabanya | ima naput ing sangkane | nuntên wontên kadulu | sangking kidul kilèn lumaris | nênggih awarni lintang | nênggih sabaluluk | kèndêl ing ngriki sakêdhap | dangu-dangu pun lintang punika nunggil | ing sasi kang kalaran ||
44. nuntên sasi cahyanipun pulih | pan sumêblak ingkang ăndakara | amadhangi ing jagade | amung lêt tigang dalu | nuntên anak prapta ing ngriki | anèh impèn punika | Sultan Bantên muwus | kula ing Gowong kewala |
--- 126 ---
ki pangulu ing Gowong ingkang sêsiwi | gih yêkti pun Mustapa ||
45. sêdya kula puniki angabdi | inggih dhatêng natèng Kabanaran | mumpung kasoran yudane | akêdhik abdènipun | bokmanawa katampèn ugi | Ki Nuriman lingira | punika satuhu | pun bapa dèrèng tarima | tagsih[15] sasab Sang Prabu Mangkarawati | gumujêng wuwusira ||
46. basakêna pun paman angudi | alah dawêg maibên pun paman | dika arani yêktine | Ki Nuriman lingnyarum | dora lamun anaking santri | sanadyan angakua | anaking pangulu | sintên botên maibêna | sêtun asor ngaku anaking bupati | puniku misih dora ||
47. dika mèmpêr kang rayi sang aji | inggih kang nama Pangran Purbaya | ing cahya lan pasêmone | botên kacèk sarambut | malah wilêt pun anak yêkti | lawan ruruh pun anak | ing saengganipun | kadi satriya lan raja | pasthi sènès ing solah jatmikanèki | nunggil pisah tan pisah ||
48. pan pun bapa botêna kêkêlir | rayi andika anak kawula | mring dika sangêt brangtane | bok Sarigah puniku | kasmarane kadi kapesing | gih kongsi dadi rumab | angising sasêntul | pacerit sarandhu alas | yèn andika kesaha sangking ing ngriki | pasthi sêg nuli pêjah ||
49. wau prabu ing Mangkarawati | adhuh paman katingal punapa | manjing panganiayane | tan dangu tangis umyung | nyai nira anusul gipih | Ki Umah anakira | kasambêt tan emut | nora suwe têka sêndhang | ya disèrèt wong dodot polèng gêng inggil | anakmu gurarapan ||
50. ya ki anak dhêdhayoh puniki | katon kang ngrêbut mring anakira | iya wurunge kênane | Ki Nuriman sru muwus | adhuh anak suwawi aglis | tulunga kawlasarsa | rayinta puniku | yèn kongsia praptèng tiwas | dadi paran pun bapa arang sutèki | nêmah sèwu cilaka ||
51. rinarêpa rajèng Pakungwati | têmah wêlas tumut maring wisma | sapraptane bale gêdhe | lênggah ing ulonipun | ni wulanjar nglugur aguling | karingêt lir dinusan | kêbêg kêmulipun | umatur Kyai Nuriman | lah suwawi pitulungipun Sang Yêkti | wêlasa ing pun bapa ||
52. sigra sultan ing Mangkarawati | ngungkabi kêmul lajêng gurayang | gêgêr kang dèn êmèk-êmèk | tan ana tabêtipun | antarane sarira sakit | amung asakit driya | sangking karêpipun | Sultan Bantên osiking tyas | wus dilalah nêmu bekaning lumaris | iya [i...]
--- 127 ---
[...ya] kinapakêna ||
53. lamun ora sun turuti iki | dadi beka anyênyuwe lampah | mupus tikahe[16] Hyang mangke | sigra wau sinêmbur | gumaregah sigra ngêbyuki | ing pangkonira sultan | guragapan muwus | wêdi-wêdi aku bapa | wonge dodot polèng kudu gawa mami | iku ngadêg ing lawang ||
54. pangrungkêbe sangsaya ngapithing | wêntisira sultan datan kêna | binênggang winêngkang kèkèt | Sultan Bantên anjêtung | kang karasa garwanirèki | nora duwe tênaga | sasolahe ruruh | dene ta iki wong desa | bisa gêlar sapolahe nora yêkti | têrlalu tukang bisa ||
55. garwanira anaking bupati | pêparinge Sunan Kabanaran | Dèn Rara Patmiyah rane | nênggih ingkang sêsunu | Adipati Suranatèki | punggawa nagri Dêmak | pêjahe ramèku | Adipati Suranata | Radèn Rara Timur pinundhut nèng puri | diwasane kinarya ||
56. têtariman rajèng Pakungwati | pelak warna pelak ing tênaga | ruruh tan ana cacade | cumangkol ing tyasipun | amanggiha garwa kadyèki | sêdhih tyasira maras | bok dèn uwus-uwus | ing asmara karasikan | Ki Nuriman pangucape wali-wali | anak yèn kalakona ||
57. rayi dika sakite mulyèki | dika ningkah kula inggih pasrah | juru dangên ing arine | cinêkak kandhanipun | Sang Aprabu Mangkarawati | apan sampun aningkah | nyupêt beka nurut | Sultan Bantên anèng kana | dhukuh pinggir kali sakilèn Rêpaking | lami gantya winarna ||
58. Sunan Kabanaran kang ginupit | kang makuwon dhusun ing Sumbêran | parentah ing punggawane | amangun ing prang pupuh | ngêlar-êlar jajahanèki | kang tinuduh ngalèra | masisir ingirup | Pangran Dipati Bintara | Dêmak Kudus ing Lasêm kalawan Pathi | kang kinèn nêlukêna ||
59. budhal sangking Sumbêran lumaris | wau Pangran Dipati Bintara | kawan atus prajurite | wong Garobogan gupuh | kinumpulkên sami kinêrig | wuwuh prajuritira | turăngga rongatus | nulya Pangran Pakuningrat | budhal ngilèn kanthi Pangeran Ngabèi | mring bumi Samarangan ||
60. Alap-alap lan Dipadirjèki | budhal ngidul lan Pringgadiningrat | sêmana sangêt sakite | timbalanira prabu | kinèn ngantukêna tumuli | marang ing Surakarta | wruha bapakipun | Adipati Pringgalaya | mantri nênêm kang tinuduh wus lumaris | koploh Pringgadiningrat ||
61. wus ginotong nèng jêjolèn êpring | wau ingkang tinuduh angetan | Pangeran Dipati Anèm | ngadhêpana [ngadhê...]
--- 128 ---
[...pana] Madiun | nagri Jipang kinèn ngayumi | samangsane Pangeran | Mangkunagarèku | kesah sangking Pranaraga | sawurine aja têlangke nganciki | budhal sangking Sumbêran ||
62. nulya wau têngara sang aji | budhal sangking pakuwon Sumbêran | maksih akathah untabe | mas răngga munggèng ngayun | Pangran Natakusumèng wuri | sami kanthi punggawa | wuri lan ing ngayun | kunêng malih dutanira | Tuwan Sarip Bêsar Tuwan Sèh Ibrahim | kapêthuk anèng marga ||
63. dutanira rumiyin sang aji | kang ingutus nêlik mring Samarang | anyarêngi ing lampahe | ingkang prapta rumuhun | aturira ing sri bupati | èstu yèn Sarip Bêsar | dutane Sultan Rum | gusti anggêping Walănda | aturipun miwiti malah mêkasi | yèn carakane prapta ||
64. wau kula tilar anèng margi | inggih prapta ing dintên punika | sigra ngundhangi balane | kèndêla lampahipun | pra dipati ngandikan sami | Pangran Natakusuma | kang ngirit mring ngayun | timbalanira sang nata | kayaparan utusane Sèh Ibrahim | apa ginatèkêna ||
65. iya apa kinarya sêsambi | Pangran Natakusuma wotsêkar | prayogi ginatèkake | ngandika sang aprabu | kaya priye sagung bupati | apa padha manuta | ing sapikiripun | adhi mas Natakusuma | sarêng nêmbah mas răngga matur kariyin | lêrês rayi paduka ||
66. yèn kêmbaa bilih pun ewani | lawan dipun wastani kumêthak | dutane narendra gêdhe | kangjêng sultan ing Ngêrum | nênggih ratu-ratuning bumi | wajib dèn ajènana | gumujêng sang prabu | saryalon dènnya ngandika | iki desa ing Gêragol duwe masjid | masjide rêsikana ||
67. pan ing kono gon ingsun nêmoni | carakèng Rum gustine sajagad | pira-pira ingsun kiye | tinêkan duta ing Rum | durung ana kang dhingin-dhingin | kongsi adhêdhayohan | caraka sangking Rum | kang wadya sigra rumagang | agêng alit sami angrêsiki masjid | ing jawi tinaruban ||
68. lagya eca ngandika lan abdi | wontên matur yèn caraka prapta | mas răngga lajêng kinèngkèn | mêthuk nanging sinamun | amung kuda sakawan ngiring | sang natèng Kabanaran | budhal sawadyagung | mring Gêrogol jroning desa | jujug masjid rinakit sampun prayogi | anganti roning kamal ||
30. Sinom
1. Mas Răngga Wirasêntika | lawan caraka wus panggih | arsa mudhun sangking kuda | dene andulu priyayi | mas răngga lingiraris | sanak sampun [sa...]
--- 129 ---
[...mpun] dika mudhun | dawêg sami lêlampah | kang gendhong sêrat puniki | kula iring wontêna ing ngajêng kula ||
2. saksana sarêng lêlampah | mas răngga têtanya aris | nênggih samia lêlampah | inggih kang sami tinuding | wong sanak sangking pundi | caraka alon turipun | kula tiyang Samarang | ladosanipun mas patih | kang satunggil upasipun petor bêsar ||
3. tiyang sangking Surabaya | inggih Kangjêng Tuwan Sarip | rencange sami tinilar | sadaya wontên Bêtawi | sami tiyang ing Turki | kalih atus pitung puluh | parikine[17] punika | amung gawa rare kalih | dhatêng jendral lan kêkalih wonge tuwa ||
4. lan wong kaji kang satunggal | anama Kaji Duljaki | nanging dèrèng wruh jajahan | milane botên tinuding | mila tiyang Sêmawis | tuwan bêsar karsanipun | wus prapta pinggir desa | ing Garogol têdhak sami | sampun kerit caraka praptèng taratag ||
5. Pangeran Natakusuma | ingandikan marang masjid | mas răngga lan Jayèngrana | Dul Wakit miwah Muhyadin | sang nata ngandikaris | adhi Natakusumèku | apa sun têmonana | hèh răngga caraka iki | wonge dhewe tuwin apa wong pundhutan ||
6. mas răngga matur tur sêmbah | urunan tiyang Sêmawis | sangking pêpatih Sêmarang | petor bêsar kang satunggil | upas têtiyang sangking | Surapringga angsalipun | Pangran Natakusuma | umatur saha wotsari | suratipun luwung kapêndhêt kewala ||
7. sigra Muhyadin dinuta | mundhut srat lan Ki Dul Wakid[18] | saksana katur kang surat | duta kinèn tunggil linggih | lawan kang pra dipati | sami munggèng tarub agung | sinugatanan kinang | sangking kang para dipati | sangunipun epok gendhong pra dipatya ||
8. sang nata amaos sêrat | sangking Tuwan Sèh Ibrahim | bêbuka hèh salam reyang | Tuwan Sèh kang ahli Turki | mashur ing atas angin | pun bapa sajatènipun | nangkoda gêng kawilang | jinis prakara nagari | lunganingsun sangking Turki ginawanan ||
9. cap Sultan Mukamad Lekan | Rum Ngadli kang ngabayani | wawêngkoning Rum sadaya | sagung kang para nrêpati | Sultan Mustapa Rumi | ya gawani êcapipun | têgese kang pitungkas | ing nagara wetan nênggih | urut timur nagara kèh padha rusak ||
10. rusakipun sangking aprang | rèhning tanah Jawa mangkin | kanan kering sapangetan | ana ingkang ngêpalani | nyata jendral Bêtawi | ature kang marang ingsun | tan tumut karya rusak | inggih kang darbe pribabadi |[19]
--- 130 ---
rêbat atas sami karabat kewala ||
11. datan wontên wonge liya | rewange rêbat nagari | dene mangke kang prakosa | inggih nama Mangkubumi | dadi pun bapa mangkin | ya sawusing salam ingsun | atêtanya ing sira | adhuh nyawa Mangkubumi | sabab apa sira gawe nora arja ||
12. jênêg gawe kasusahan | sapadha-padha dumadi | duraka wis marènana | anak ingsun Mangkubumi | pan sira wong abêcik | sirèku sutaning ratu | sira kang kuwajiban | rumêksa rayat sabumi | sapa nanggung dosamu iya ing kana ||
13. pan si jendral iki selak | wit rusaking tanah Jawi | pan kinarêpakên samya | kang sami darbe pribadi | sun uji sira ugi | ing pawarta sêtya tuhu | eling sutaning raja | nora pikir salah kardi | ingsun nyawa wêruhna ing karêpira ||
14. lawan ingsun iki nyawa | papagên sun arsa panggih | sarat kudu pêpanggiha | pribadi amituturi | sawusnya maos tulis | alênggêr jêtung angungun | alon dènnya ngandika | dhimas Natakusumèki | kaya kene dhawuh apuraning Suksma ||
15. Dul Wakit kinèn akarya | angsul-angsul kang priyogi | adangu pitungkas wulang | kang sumêrêp sêdhêp manis | kang nora anyênyêngit | dhap asor saturutipun | kang têtêp mêlasarsa | wus dadya dipun êcapi | kang tinuduh Radèn Arya Jayèngrana ||
16. ngaturkên wangsulan sêrat | dhatêng nagari Sêmawis | tinuduh sami sadina | Jayèngrana bêkta tulis | duta wus dèn panggihi | ginanjar pangadêgipun | arta lawan busana | caraka wus nêmbah amit | sarêng mêsat lawan Radèn Jayèngrana ||
17. mung bêkta kuda pakbêlas | pakbêlas dharate sami | têgêsipun lêlancaran | prayayine dèn pilihi | datan kawarni margi | sawêngi praptane esuk | wanci pukul sawêlas | praptane nagri Samawis | jujug marang gone petor wismanira ||
18. sira Radèn Jayèngrana | lan Tuwan Sarip wus panggih | sigra ngaturakên surat | angsul-angsul sri bupati | têmbunge mêlasasih | sêdhêp pasrah dhirinipun | juru basa kang maca | petor bêsar kanthinèki | pamaose winalèn-walenan rahap ||
19. petor bêsar ngatag nurat | marang Ki Kaji Dulkaji | tulisana basa Arab | aturna mring Tuwan Sarip | nurut Kaji Dulkaji | mrih basa Arab wus katur | mring Tuwan Sarip Bêsar | winaos suka tan sipi | têmbung manis asêdhêp mawi la-êla ||
--- 131 ---
20. sarta ngungun amiyarsa | ing rèh dadining ajurit | pratikêle tanah Jawa | kêna niaya sayêkti | dene kang sikara wit | Dul Jendral Baron pan Emup | akèn angêlongana | ing Pangeran Mangkubumi | ing cacahe kalong saparo kewala ||
21. dadya miji ing santana | ing Pangeran Mangkubumi | alumuh lumakyèng karya | yèn kalonga Sokawati | dadya putungan sami | lajêng ngêkahi puniku | bumi ing Sokawatya | nadyan kalonga sakikil | sun labuhi ajur mumur dadi lêmah ||
22. Si Ondorop pira-pira | saguh ngulihakên malih | nging ujare kamondaka | Pangran Arya Mangkubumi | lajêng gitik-ginitik | rêbut bêja ing prang pupuh | Kumpêni krêp kasoran | akathah ingkang ngêmasi | Tuwan Sarip Betor[20] Bêsar tinakonan ||
23. iya iki petor nyata | mêngkene kawiting jurit | petor bêsar aturira | gih jendral mariki dhingin | Pangeran Mangkubumi | lolosipun sapuniku | wus nyata nora dora | anak ingsun Mangkubumi | kaya age ingsun iki pêpanggiha ||
24. kunêng kang anèng Sêmarang | lagya ngayêm-ayêm pikir | sang nata ing lampahira | wus lajêng ing Dhuwêt prapti | masanggrahan sang aji | wus pamondhokan wadyagung | sang nata badhe lama | ngiras dènira ngantosi | carakane kang maring nagri Samarang ||
25. sang nata arsa ngadêgna | sagung wadya kang ngêmasi | anakipun kang kinarya | karya mantri jro sang aji | suwidak kang kinardi | badhe nyèkêt sabinipun | kang kinarya lêlurah | têtiga angalih dèsi | ing Kumêndhêng nênggih pun Adimênggala ||
26. lêlurah ingalih nama | Ngabèi Prawirasêkti | kancanipun ngalih dasa | sami prawira namèki | lêlurah saragêni | Wirasastra wus pinundhut | lurah mantri jro nama | Yudakartika ing mangkin | sakancane sadaya wiwitan yuda ||
27. Mas Malar mangkya kinarya | Ngabèi Baurêksèki | kancanipun ngalih dasa | wiwitan bau namèki | lagya samadya sasi | kancane lami kèh nusul | wontên wong tigang dasa | kalih dasa kang pinilih | Kyai Bênêr ingkang kinarya lêlurah ||
28. lan ingalih namanira | Ranadirada Ngabèi | sakancane ngalih dasa | wiwitan Rana namèki | Ki Sutamênggalèki | gêdhong sinungan jêjuluk | Ngabèi Mangunjaya | mantri jêro wus rinakit | busanane abyor mantri wolung dasa ||
29. ya ta wau kawuwusa | Sang Prabu Mangkarawati | ingkang wontên padhêkahan | wastanira
--- 132 ---
ing Rêpaking | mangkat sowan tumuli | bêbêktane tigang pikul | lombok kalawan kacang | kimpul talês wi gêmbili | nunggang jaran wadon sarwi bêbathilan ||
30. arasukan gandhul pêthak | kasa kêmbang lungsêd kêdhik | anyamping sarung Mêkasar | pasêmon wilêt awingit | lampahira wus prapti | Dhuwêt pasanggrahan agung | sang natèng Kabanaran | nuju siniwakèng dasih | jumarojog manjing tan ngangge larapan ||
31. amor lawan Suranata | miwah kang mantri pinilih | dèn nyana kănca kewala | dangu-dangu kang asandhing | prasami angingsêri | sang nata wruh sapa iku | Sultan Bantên turira | sigra Muhyadin nambungi | rayi dalêm Sultan Pakungwati prapta ||
32. ingawe lajêng umangsah | gapyuk rinangkul siraglis | sang nata dhawuh[21] kang waspa | Sang Prabu Mangkarawati | tangise lir pawèstri | gulêt lir kêkupu tarung | wus dangu tata lênggah | kang rayi tan sinung têbih | kang dinangu ing sasolahbawanira ||
33. prajurite karisakan | sabên prang tanpa ngudhili | kula akanthi kakang mas | Purubaya nêniwasi | ngandika sri bupati | sarwi nênggak waspanipun | yayi prabu dilalah | sira ngungsi maring mami | nêdya enak yayi têka nêmu rusak ||
34. karine prajuritira | mêngko sira sèlèh ngêndi | kang rayi matur tur sêmbah | kantun tigang dasa nênggih | amung wong saralathi | tigang dasa ingkang kantun | minarsa pitung dasa | tan wontên kantun satunggil | prang wawala mêngsah lan Kapitan Bagrak ||
35. rayi paduka kakang mas | Purubaya ngapirani | tumpêse prajurit kula | mina bang suwidak tampis | pun gêndhayatan mati | wong saralathi kang kantun | kula titipkên samya | pun kakang Mangkudirjèki | kula sêlak onêng wulangun ing tuwan ||
36. kapiyarsèng katêbihan | sawadyane tumpês jurit | yayi prabu kakangira | Mangkukusuma kang mati | sami ngungunirèki | kang rayi ngaturkên wau | sal-angsal tigang rêmbat | kang raka ngandika aris | kaya apa mêngkono tuk-antukira ||
37. kang rayi matur bêlaka | duk wontên dhukuh Rêpaking | kasukan sayah lumampah | adharat sadasa ari | kèndêl dhukuh Rêpaking | pinaksa ingambil mantu | inggih Kyai Nuriman | gumujêng sri narapati | bênêr yayi wong amalês kabêcikan ||
38. sang nata malih ngandika | dhimas Natakusumèki | wong gagatan dhawuhana | sun paringakên si adhi | dhimas Mangkarawati | iya ing gagatan sawus | anaa kang rumêksa | ing mêngko marang si adhi |
--- 133 ---
bêkêl satus iku sira kongkonana ||
39. srahna maring Si Nuriman | konên anata kang bêcik | ing gagatan bumi rosa | jaran salawe kuwawi | rumêksa ing si adhi | rina lawan wênginipun | wong sèkêt ing pulutan | rumêksa dhahare adhi | tur sandika Pangeran Natakusuma ||
40. anglampahakên caraka | mantri jêro kang tinuding | Ngabèi Ranadigdaya | Ranadimêja satunggil | ing gagatan wus prapti | sampun kumpul bêkêlipun | kapanggih kawan dasa | panglawe sakawan sami | wus binakta mring wismane Ki Nuriman ||
41. kagyat ing tyas kagegeran | prayayi songkok kang prapti | bajo lurik irêng ginggang | lancingan sangkêlat abrit | nyuriga carabali | lawan bature kumrutug | kabèh bêkêl gagatan | dhêrodhog dènnya manggihi | bêkêl kabèh wus kasrah Kyai Nuriman ||
42. Ngabèi Ranadigdaya | Ki Nuriman dèn jarwani | kiyai mantu andika | pan dede santri mêmêri | sajatine kiyai | sultan ing Bantên puniku | mêdhêdhêg Ki Nuriman | adhèhèm naga kabalik | ni Rubiyah anakira ni Saridah ||
43. nyawargakakên wong tuwa | gagatan pulutan iki | pinaringkên mantunira | ni nyai watuk nyakikik | mantuk mantri kêkalih | akathah pasangonipun | ing wuri wus tinata | kang prajurit tan turanggi | tigang dasa sakawan bêdhil nêmbêlas ||
44. lan waosipun wolulas | sadaya sopal jininggring | lêt kalih dina praptanya | lan sèkêt rêmbatanèki | Sang Prabu Pakungwati | mèsêm suka dènnya dulu | wus karya pamondhokan | Sang Prabu Mangkarawati | ragi kilèn sangarsaning pasanggrahan ||
45. wolu rare punakawan | prasamya nitih turanggi | samuwa pratikêlira | mèh prasasat sabupati | bok Saridah têtilik | sawulanipun ping têlu | miwah sultan cangkrama | sang prabu ing Pakungwati | angêrakat ulam kali pêpucungan ||
31. Pocung
1. kang winuwus dutanira sang aprabu | langkung kinasihan | marang Sèh Ibrahim Turki | karya surat rèngrèng Tuwan Sarip Bêsar ||
2. dhapuripun surat pratela puniku | marang Batawiyah | prakarane Mangkubumi | dèn sikara mulane dadi murwèng prang ||
3. lungguhipun Sokawati têlung èwu | saanane jendral | nagari Surakartèki | dèn êlongi saparo pangran pan suka ||
4. milanipun wus kalakon karyanipun | waune nèng mêngsah | rinêbut anandhang jangji | singa [si...]
--- 134 ---
[...nga] ngrata ing Sokawati ginanjar ||
5. Jendral Emup kang anglêbur jangjinipun | kathah rèngrèngira | kinèn nurun Wirasari | wusnya dadi Tuwan Sarip angandika ||
6. iya iku Jayèngrana turna gupuh | maring anak ingwang | Susunan Amangkubumi | iki rèngrèng kang badhe marang si jendral ||
7. besuk ingsun lamun uwis atatêmu | lawan anak ingwang | besuk ing sabalèn malih | pasthi kono iya ingsun pêpanggihan ||
8. rèngrèng iku yèn wus dadi têrna mringsun | ingsun kang anggawa | marang nagari Batawi | aja susah sutaningsun akongkonan ||
9. ya ta wau Jayèngrana kinèn mantuk | wus binêktan surat | bêdhug tiga angkatnèki | Jayèngrana sangking nagari Sêmarang ||
10. ngatêr sampun Radèn Wirasari wangsul | ing nagari Dêmak | sira Radèn Wirasari | lampahipun wau Radèn Jayèngrana ||
11. praptanipun ing Dhuwêt pan wanci surup | kèndêl pondhokira | sakêdhap lumêbêt nuli | jujug marang Pangeran Natakusuma ||
12. sampunipun bakda ngisa lêbêtipun | sang nata wus salat | satêdhake sangking masjid | animbali ing Pangran Natakusuma ||
13. lêbêtipun angirit Jayèngranèku | prapta ing ngajêngan | ngaturakên ingkang taklim | sangking rama tuwan nênggih Sarip Bêsar ||
14. sêrat katur kêkalih lan rèngrèngipun | sigra tinupiksa | kadriya têmbunging tulis | ya ta mèsêm ing Pangran Natakusuma ||
15. dhimas gupuh undhangana pra tumênggung | padha angrasakna | ing surate Sèh Ibrahim | matur nêmbah Pangeran Natakusuma ||
16. pênêdipun abdi dalêm pun tumênggung | kang abaris ngarsa | sae katimbalan sami | miyarsakna ing surate Sarip Bêsar ||
17. sang aprabu pangandikanipun arum | bênêr yayi êmas | nuli kongkonana aglis | sarupane punggawa kang baris ngarsa ||
18. wus anuduh Pangran Natakusumèku | angêrig kang samya | punggawa kang baris ngarsi | sami prapta tan kalilan bêkta wadya ||
19. maksih tugur sagunging prajuritipun | barise ing ngarsa | praptane kang pra dipati | pan sadaya sami lancaran kewala ||
20. wetan kidul kulon sarêng praptanipun | Pangran Pakuningrat | kilèn lan pangran ngabèi | kidul nênggih Dipati Suryanagara ||
21. kanthinipun Măndraka Wiradigdèku | lawan Jayarata | Tumênggung Dipadirjèki | Alap-alap myangn[22] Tumênggung Pusparana ||
22. têlas kidul ingkang wetan sami rawuh | Pangeran Dipatya | Anom sawadyanirèki | lan kang paman Pangran Dipati Bintara ||
--- 135 ---
23. sadaya wus tumamèng ngarsa sang prabu | sang nata ngandika | hèh sagung kang pra dipati | lawan para santana putra satriya ||
24. sadayèku dèn amêrês budinipun | padha rasakêna | ing karsane Sèh Ibrahim | iya ingkang muni layange kang prapta ||
25. iya ingsun kinon akirim pra sadu | mring gurnadur jendral | sumilih kadya nêdhadil | anjaluka bênêr ing gurnadur jendral ||
26. wong aluhur sangking asor wiwitipun | aja ta ugungan | dumèh Tuwan Sèh Ibrahim | Sarib[23] Bêsar maringsun wus mundhut putra ||
27. iya iku kêkêlire têgêsipun | aja ta kabiyak | sihe Tuwan Sèh Ibrahim | iya dadi ngadêg bênêr Sarip Bêsar ||
28. dadi ampuh Sarip Bêsar yèn tinantun | mring gurnadur jendral | pratingkahe tanah Jawi | ing batine Tuwan Sèh wus maring ingwang ||
29. karsanipun Sarip Bêsar batinipun | kinèn anjarwakna | ing Radèn Jayèngranèki | kalêthêke tyase Tuwan Sarip Bêsar ||
30. awotsantun prawara ingkang tinantun | pukulun sang nata | sampun tanggêl ing pakarti | anganggea waos dhuwung marang jendral ||
31. inggih lamun pun jendral darbe pangukup | botên wit piyambak | amiluta amrih ing sih | jêr pun jendral ingkang amrih amiluta ||
32. riyêg guyup pra santana pra tumênggung | sami aturira | Pangran Natakusumèki | ingkang dadi pangirit atur andhadha ||
33. kang dhinapur mungguh panggawening satru | ngajak rêrampekan | yèn dhèwèk nora nglanggati | satêmahan kabalik ingkang pratingkah ||
34. ingkang luhur satêmah dados soripun | ingkang asor mangkya | dados luhure sayêkti | sabab sangking timbalan Jêng Nabi duta ||
35. sru gumujêng wau sira sang aprabu | pagene yayi mas | anganggo wêdi Jêng Nabi | ngombe arak si adhi sadina-dina ||
36. iku takut ing wêwalêr Kangjêng Rasul | gumujêng tur sêmbah | Pangran Natakusumèki | sanès ing prakawis arak lawan aprang ||
37. sang aprabu gumujêng ngandika arum | yèn mangkono padha | bênêr panêdhanirèki | ingsun lagi nêmu dêdukaning Suksma ||
38. mungsuh iku kang gêdhe angajak patut | iya Si Walănda | ingkang gêdhe mungsuh mami | mungsuh cilik iya Si Mangkunagara ||
39. prandenipun yèn kudu kasor ing ngriku | lagya dukaning Hyang | kang dhawuh ing awak mami | wus dilalah kalah prang kalawan bocah ||
40. mêngko mungsuh Si Walănda ngajak patut |
--- 136 ---
ing têgêse iya | iku pitulung Hyang Widhi | gawe asor prang ngamuk sariraningwang ||
41. batinipun durung cacat têmên ingsun | ingong madêg nata | iya nèng Ngayugja dhingin | awèh wêruh marang dêlèr ing Sêmarang ||
42. mundhut istu yèn ingsun jumênêng ratu | iya diadêgna | pan angrasa awak mami | yèn kang wayah Susunan Pakubuwana ||
43. dêlèr langkung panampike marang ingsun | dadi ingsun iya | amadêg nata pribadi | iya iku sun lêbokkên layang jendral ||
44. iya lamun Kumpêni angajak patut | Ondorop Sêmarang | dèn salinana tumuli | lamun ora mêngkono ingsun anêmah ||
45. sampun anut sagung punggawa nung-anung | ing sakarsa-karsa | mupakating lair batin | mumpung durung layar Tuwan Sarip Bêsar ||
46. sigra wau rèngrèng tinurun karuhun | nanging Sarip Bêsar | kalah apa sor sathithik | wurukipun pisêdhêp ing tuwan jendral ||
47. sêratipun piyambak wau sang prabu | ingkang dhatêng jendral | êla-êla anglangkungi | sarta mawi mugi-mugi tuwan jendral ||
48. dipun asru angadilana satuhu | mangkya eyang jendral | ngarsakakên atur mami | ingkang mijil sangking Tuwan Sarip Bêsar ||
49. têgêsipun eyang jendral mrih satuhu | karsa ngadilana | lampahane awak mami | satuhune pan kula kinaniaya ||
50. yèn rumuhun wontêna sêrat gurnadur | kang dhatêng kawula | sarèhe kula lampahi | inggih măngsa panjanga lampahaning prang ||
51. pun gupênur sok mêdosi suratipun | kula nêmah nekat | angraos yèn sinakait | jinabakkên darah Kapakubuwanan ||
52. mila bingung ngraos tan wontên kang ngukup | mangkya eyang jendral | amrih lêrês kang sayêkti | sasat dhawuh pitulunging Gusti Alah ||
53. langkung nutug la-êla prasabênipun | wus dadi sadaya | inggih sampun dèn rèngrèngi | ingkang katur dhatêng Tuwan Sarib Bêsar ||
54. lawan dhuwung Naga sarasah wêwolu | lan waos trisula | inggih sinarasah sami | amung kuda enjing sinusul asmara ||
1 | Sumêdhangan. (kembali) |
2 | Batutangkil. (kembali) |
3 | Kurang dua suku kata: lan andulu solahe kèhing wadya gung. (kembali) |
4 | Kurang dua suku kata: pasêmone gêdhe cilik. (kembali) |
5 | mindho. (kembali) |
6 | gawaa. (kembali) |
7 | Mangkunagara. (kembali) |
8 | wontên. (kembali) |
9 | langkung. (kembali) |
10 | nginggil. (kembali) |
11 | kopat-kapit. (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata: anut Kudanawarsèki. (kembali) |
13 | kèndêlnya. (kembali) |
14 | Kurang satu suku kata: ing Sumampir wontên tigang atus nênggih. (kembali) |
15 | taksih. (kembali) |
16 | tingkahe. (kembali) |
17 | marikine. (kembali) |
18 | Wakit. (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata: inggih kang darbe pribadi. (kembali) |
20 | Petor. (kembali) |
21 | dhawah. (kembali) |
22 | myang. (kembali) |
23 | Sarip (dan di tempat lain). (kembali) |