Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 121–137)
1. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 001–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
2. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 013–030). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
3. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 031–043). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
4. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 044–052). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
5. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 053–069). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
6. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 070–086). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
7. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 087–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
8. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 104–120). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
9. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 121–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
10. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 138–153). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
11. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 154–172). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
12. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 173–189). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
13. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 190–206). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
14. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 207–224). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
15. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 225–241). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
16. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 242–258). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Babad Pedjadjarran No. 3
Punika Sêrat Babad Tanah Jawi
Ăngka 3.
Awit anyariyosakên Pangeran Pêkik bidhal bêdhah ing Giri, saingga dumuginipun Untung bidhal saking nagari Carêbon. Mawi kasêkarakên.
Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan G. C. T van Dhorêp ep ko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, Bandhung, ing taun 1925.
--- 3: [3] ---
Sêrat Babad ing Tanah Jawi.
Ăngka 3.
121. Sinom[1]
1. praptane Kasurabayan | sêdaya lajêng binagi | pawèstri miwah bêrana | mring wadya kang milu jurit | wêradin sêdayèki | praptèng pêkathik sêdarum | tan ana kaliwatan | kunêng nêgari Mêntawis | kawarnaa Wêlănda Sêpanyol prapta ||
2. wontên ing tanah Jakarta | sumêdyanira agrami | ambêkta kapal têtiga | samêkta kêprabon jurit | kang dadya senapati | anama Baron Murjangkung | lajêng wau kêpanggya | kêlawan sang adipati | ing Jakarta nèng pasisir pêpanggihan ||
3. kathah atur-aturira | dhumatêng sang adipati | Baron Murjangkung lon mojar | dhuh tuwan sang adipati | akamipurun mami | cumanthaka gadhah atur | kawula nuwun tanah | sakêdhik wontên ing ngriki | inggih badhe kawula damêl pondhokan ||
4. inggih namung sawiyarnya | cucal maesa puniki | gih sapintên rêginira [rê...]
--- 3: 4 ---
[...ginira] | kawula inggih ngaturi | sang dipati ling aris | ya luwih prayoga iku | nanging ta kawruhana | ing tanah Jakarta iki | kagungane kangjêng sultan ing Mêntaram ||
5. wusnya matêng pêrjanjian | Baron Murjangkung nulya glis | jangête lulang maesa | ingukurakên ing siti | jêngêr sang adipati | wusana rêngu amuwus | lah iku kayaparan | mangkono akalirèki | ngong tan awèh yèn mangkono akalira ||
6. Baron Murjangkung lon turnya | kadospundi sang dipati | satriya cidra wicara | saèstu datan prayogi | sanès ambêk wong luwih | Dipati Jakarta rêngu | lajêng mêpak gêgaman | ing têmahan mangun jurit | Adipati Jakarta prange kasoran ||
7. lumayu angungsi ngarga | gununge kêlangkung rumpil | pring orine angayangan | tan kêna sinêrang janmi | Wêlănda kèndêl sami | sêmana Baron Murjangkung | ya ta ngupaya akal | mèt mitra marang wong bumi | wus akathah wong cilik nêgri Jakarta ||
8. kang sami sobat Wêlănda | Baron Murjangkung nulya glis | undhang marang wong Jakarta | ingsun karsa nyêbar ringgit | padha ambilên sami | ya ta wong Jakarta kumpul | enjing anulya nyêbar | Baron Murjangkung kang ringgit | tinibakkên pring ori ingkang dhapuran ||
9. wong Jakarta rêrêbutan | pring ori dipun babadi | ringgit ingkang dèn upaya | ya ta ing alami-lami [a...]
--- 3: 5 ---
[...lami-lami] | pring ori sampun bêrsih | Dipati Jakarta mlayu | tur priksa mring Mêntaram | nusup-nusup lampahnèki | kunêng Baron Murjangkung ingkang winarna ||
10. yasa bètèng glugu sigra | ing têngah pinasêg siti | ing Jakarta wus satata | wontên cinarita malih | Baron Sêkèdhèr nguni | saking praja sêdyanipun | arsa tandhing prawira | lan Kangjêng Sultan Mêntawis | angêjawa lumampah mêdal gêgana ||
11. sêmbrani titihanira | pêksi gurdha kang mayungi | manglarmuna wastanira | êlare sêdaya rukmi | ya ta wau winarni | nênggih Kangjêng Sultan Agung | adarbe kêlangênan | jin anèng gunung Mêrapi | sinung parab jin puniku Juru Taman ||
12. kangjêng sultan nuju lênggah | anèng ing gunung Mêrapi | apitêkur tanpa rowang | manêgês karsèng Suksma di | Baron Sêkèdhèr prapti | anèng saluhuring gunung | ngungkuli kangjêng sultan | wau kang kuda sêmbrani | nulya ambruk andhêkêm tan bisa obah ||
13. tuwin pêksi manglarmuna | andheprok tan bisa osik | Baron Sêkèdhèr sru kagyat | nolèh nganan nolèh ngering | waspada aningali | wontên janma apitêkur | sêksana pinaranan | sapraptanira ing ngarsi | ya ta Baron Sêkèdhèr tan bisa obah ||
14. Jêng Sultan Agung ngandika | sapa janma ingkang prapti | apa ta jin pêrayangan | lêlêmbut utawa dhêmit | kêlamun sira janmi | sapa wêwanginirèku | ngêndi pinangkanira |
--- 3: 6 ---
paran sêdyamu kang mêsthi | mêngko sira prapta anèng ngarsaningwang ||
15. dene datan nganggo rowang | nêmoni nèng pucak wukir | Baron Sêkèdhèr turira | nêgri Holan wijil patik | Baron Sêkèdhèr mami | mila angêjawi ulun | saking sêdyaning manah | arsa atandhing kasêktin | inggih lawan narendra ing tanah Jawa ||
16. dupi prapta nginggil arga | turăngga kula sêmbrani | ngalumpruk tan sagêd obah | lawan pêksi kula inggih | manglarmuna tan osik | kalihnya sami ngalumpruk | wusana badan kula | prapta ngarsa tuwan mangkin | lêsu lupa alarut bayu kawula ||
17. jêng sultan aris ngandika | tutugna sêdyanirèki | duk mangkat saking nêgara | sira arêp angayoni | marang Ratu Mêntawis | yèn sira tambuh maringsun | ingsun Sultan Mêntaram | kang duwèni tanah Jawi | ya ta anglês Baron Sêkèdhèr tyasira ||
18. gusti ulun sapunika | saèstu sampun kajodhi | tandhing prawira lan tuwan | yèn parêng kawula ngabdi | gêgêbal andêdasih | sakarsa ulun tumurut | sang nata angandika | sun tarima sira ngabdi | mring jênêngsun anèng nêgara Mêntaram ||
19. nanging iku manglarmuna | sun pundhut lawan sêmbrani | Baron Sêkèdhèr sumăngga | jêng sultan nimbali êjin | Juru Taman kang nami | ingkang kayangan ing gunung | Mêrapi sampun prapta | mangaras padaning gusti | wontên karya dasa nata ingandikan ||
--- 3: 7 ---
20. hèh ta Juru Taman sira | mulane ingsun timbali | yaiki sira rêksaa | jaran sêmbrani dèn bêcik | anèng gunung Mêrapi | Juru Taman nêmbah matur | gusti dhatêng sandika | jêng sultan ngandika aris | hèh Sêkèdhèr manukira manglarmuna ||
21. sun pêrnahkên anèng arga | Magiri panjaluk mami | obah osiking nêgara | sirèku awèha uning | Juru Taman sirèki | ing mêngko manira tuduh | pêrnahna manglarmuna | anèng gunung Imagiri | hèh Sêkèdhèr sira milua maringwang ||
22. sun êlih pêparabira | Juru Taman ing saiki | kalihira sarêng nêmbah | ya ta kundur sri bupati | Juru Taman tut wuri | sapraptanirèng kêdhatun | wau sri naranata | anulya parentah aglis | dhatêng wadya arsa tindak mring samodra ||
23. pêpak ingkang upacara | kadi adat sabênnèki | datan kawarna ing marga | Pamancingan sampun prapti | kèndêl sri narapati | Nyi Ra Kidul sigra mêthuk | lajêng kêkanthèn asta | malêbêt sajro jaladri | upacara kantun Mancingan sadaya ||
24. wus prapta sajroning pura | sang nata pinarak mungging | bale kêncana di mulya | sikile sèwu rêspati | Ratu Kidul tan têbih | lan sang nata gènnya lungguh | pawongan jin prayangan | pêri andhèr anèng ngarsi | warnanira ayu endah ting galêbyar ||
25. apan kadya rinarêngga | dening ujyala sang aji | Ratu Kidul matur nêmbah | pukulun sri narapati | sumăngga malbèng puri | sang nata
--- 3: 8 ---
ya ta tumurut | lajêng kêkanthèn asta | sapraptanira ing puri | nulya minggah ing paprêman kalihira ||
26. dugi dènnya imbal raras | anulya mêdal sêsuci | kacarita sri narendra | tigang wulan nèng jêladri | nutug dènnya karêsmin | lawan Kangjêng Rara Kidul | nuju sawiji dina | sang nata lênggah jro puri | Ratu Kidul datan pisah dènnya lênggah ||
27. kadya mimi lan mintuna | Ratu Kidul lan sang aji | jêng ratu alon turira | rinaras ing sabda manis | winor kincanging alis | têmbunge lir madu juruh | pukulun sri narendra | kang cèthi atur prayogi | jêng paduka ngêdhatona nèng samodra ||
28. mrih tutug ulun mawongan | ing paduka sri bupati | tuwan botên seda-seda | dumugi ing jaman akir | yèn paduka sang aji | ngêdhaton anèng Mêntarum | mèh puput yuswa tuwan | inggih kantun gangsal warsi | jêng paduka jumênêng wontên ing dunya ||
29. sang nata sarêng miyarsa | mèsêm angandika aris | anulya angrangkul garwa | jêng ratu dipun arasi | dhuh mirah ingsun yayi | abangêt tarimaningsun | gonira asih mring wang | palimarma lair batin | ingsun têdha kusuma muga tulusa ||
30. gonira asih maring wang | nanging yayi sun tuturi | manira asal manusa | pan kabèh lêluhur mami | lah iya padha lalis | nèng tanah Jawa kinubur | dadi pêpundhènira | ing saturun-turunnèki | kapindhone ngariloka [ngari...]
--- 3: 9 ---
[...loka] kanthinira ||
122. Kinanthi
1. ing dina kiyamat besuk | sêdhênge jagad winalik | kabèh titahing Hyang Suksma | manusa luhur pribadi | jin prayangan pri tan timbang | pan nora ngundha-usuki ||
2. lawan manusa ing besuk | upama bumi lan langit | ya maksih luhur manusa | kabèh umating Hyang Widi | sênadyan ta malaekat | apan maksih luhur janmi ||
3. ya ta wau Ratu Kidul | duk myarsa sabda sang aji | marlupa sariranira | kêrasa angrês kang galih | kaluhuran sabda nata | locana andrês umijil ||
4. sêsambatira mlasayun | sumungkêm pangkon sang aji | adhuh kangjêng sri narendra | ulun nênuwun sang aji | kawula tuwan wangsulna | asal kawula ing nguni ||
5. kawula manusa tuhu | wusana mangke dados jin | supados wagêda pêjah | inggih manusa sayêkti | sang nata aris ngandika | kamangkara sira gusti ||
6. yèn sirangsal manusèku | ing ari kiyamat benjing | sayêkti amor manusa | nanging ta yayi sêmangkin | kinarsan dening Hyang Suksma | sira ngratoni dhêdhêmit ||
7. kaya ngapa mirah ingsun | yèn sira nora nglakoni | dadine kalêbu sira | gêgadhangan anampik sih | anêrajang sifat kodrat | kasiku dèning Hyang Widi ||
8. wis ta yayi aja wuyung | sira tinitah ngêmongi | ing saturun-turun ingwang | narendra ing tanah Jawi | paran gonira suminggah | besuk [be...]
--- 3: 10 ---
[...suk] prapta jaman pati ||
9. sira wong manusa tuhu | awit sira asal janmi | wis mirah aja sungkawa | Jêng Ratu Kidul miyarsi | timbalanira sang nata | saklangkung asrêping galih ||
10. sang nata manabda arum | yayi manira apamit | mulih marang ing Mêntaram | Ratu Kidul matur aris | pukulun sri naranata | kang sèstu panutan mami ||
11. kalilana ulun matur | wasiyat paduka kalih | wangkingan Kyai Sangkêlat | yèn paduka amarêngi | kang satunggal pinaringna | kula rêksa nèng jaladri ||
12. yèn maksih kalih puniku | turun paduka ing benjing | têmah sami rêrêbatan | ing nêgari tanah Jawi | wontên kêkalih narendra | mèsêm ngandika sang aji ||
13. ya bênêr sira mas ingsun | besuk ingsun kundur yayi | sun paringkên sira mirah | Kyai Sangkêlat kang siji | wis nimas sira karia | lawas wadyaningsun nganti ||
14. Ratu Kidul pan èsmu luh | sang nata anulya mijil | sakêdhap prapta Mancingan | wau Kangjêng Sunan Kali- | jaga wus kêpanggih lênggah | anèng ing Parangtaritis ||
15. sang nata sarêng andulu | dhatêng Sunan Kali nênggih | nèng Parangtaritis lênggah | sang nata lajêng ngabêkti | angaras pada manêmbah | sang prabu umatur aris ||
16. pukulun sang maha wiku | kawula anuwun pamit | arsa akarya astana | bumi Mêkah siti sukci | Sunan Kalijaga nabda | jêbèng ingsun tan marêngi ||
17. sapa kang pinundhi [pinu...]
--- 3: 11 ---
[...ndhi] besuk | turun-turunira wuri | nadyan uga tanah Jawa | ana uga bumi sukci | lah tutêna balang ingwang | mêsthi tiba bumi sukci ||
18. wau binalangkên sampun | tiba sanginggiling wukir | Magiri sang nata prapta | Sunan Kali sampun linggih | anèng pucaking aldaka | sang nata nulya ngabêkti ||
19. Sunan Kali ngandika rum | iki jêbèng bumi sukci | jêng sultan aris aturnya | ngriki sangêt têbih warih | iku sira aja susah | sigra Kangjêng Sunan Kali ||
20. ngêmpit cis ngubêngi gunung | kang êcis kangsrah ing siti | Sunan Kalijaga musna | Sultan Agung wangsul malih | sapraptane Pamancingan | kêpanggih lan wadyanèki ||
21. kangjêng sultan sigra kundur | sapraptanira ing puri | wus panggih lan para garwa | nyi tumênggung dèn dhawuhi | printahêna Wiraguna | lumakua ingsun tuding ||
22. ya marang sagara kidul | anggawa wasiyat mami | kêris ingsun Ki Sangkêlat | nyi tumênggung awotsari | mentar sapraptaning jaba | lawan Wiraguna panggih ||
23. dhinawuhkên sabda prabu | Tumênggung Wiragunèki | timbalanira sang nata | jêngngandika pan tinuding | anglabuh Kyai Sangkêlat | inggih dhumatêng jaladri ||
24. Mancingan sagara kidul | kaparingkên kangjêng nyai | Ki Tumênggung Wiraguna | sandika aturirèki | lajêng sêdhiya sêdaya | tan dangu pawongan mijil ||
25. angêmban kêndhaga pangguh | lan Ki Wiraguna nênggih | dhinawuhkên sabda nata | Wiraguna wus [wu...]
--- 3: 12 ---
[...s] atampi | kêndhaga anulya budhal | sarwi dèn songsongi kuning ||
26. Pamancingan sampun rawuh | piranti pinggir pasisir | umatur maniskaranya | dinuta sri narapati | umbak aris lembak-lembak | wus rampung aturirèki ||
27. ya ta kang dupa kumêlun | alun agêng andhatêngi | lir kinêbur kang samodra | kang gèthèk binêkta warih | marang satêngah samodra | Wiraguna maksih linggih ||
28. anèng sapinggiring laut | ya ta tan adangu prapti | kang gèthèk binêkta umbak | kêndhaga datan kaèksi | sigra Kyai Wiraguna | budhal mulih ing Mêntawis ||
29. sapraptanira Mêntarum | wus katur sri narapati | sasolahira dinuta | kunêng kang winuwus malih | wau ta Ki Juru Taman | langkung sihira sang aji ||
30. de Juru Taman puniku | pêparabira ing nguni | Baron Sêkèdhèr kang nama | samangkya sinung wêwangi | dhumatêng sri naranata | Juru Taman kang wêwangi ||
123. Dhandhanggula
1. winênangkên panggih para manis | sakarsane datan kêna pisah | Juru Taman lan sang katong | sapurugnya sang prabu | siyang ratri tan kêna kari | ya ta wau sêmana | Kangjêng Sultan Agung | kathah lamun winarnaa | karamate kangjêng sultan kang kaèksi | mangke kăndha cinêndhak ||
2. gênti ingkang winurcitèng kawi | ki tumênggung ing Jakarta prapta | atur uninga sang katong | yèn nêgri Jakartèku | băngsa Wlănda samangke ngancik | wonkên[2] [wonkê...]
--- 3: 13 ---
[...n] tanah Jakarta | ulun kawon pupuh | sang nata sarêng miyarsa | sakêlangkung runtik jaja bang mawêngis | paraning duka nata ||
3. ki tumênggung ing Jakarta nênggih | lawan pangran ing Madurarêja | tan kêna lilih dukane | nanging sinamun-samun | netya nata mêksa kaèksi | pilih ingkang wikana | dukanya sang prabu | nanging datan kêna suda | kawarnaa wau kangjêng sri bupati | datansah guladrawa ||
4. datatita ing alami-lami | Kangjêng Sultan Agung ing Mêntaram | miyos siniwi wadyandhèr | pêpak mantri tumênggung | jajarane asri mêrapit | tumbak lêmbing lan panah | bêdhil jajaripun | priyantaka pan ajajar | lan wong nyutra wong nulup ing kanan kering | sumiwi pêpak ngarsa ||
5. jagabaya jajarira sami | nyangkragnyana sami anèng ngarsa | priyantaka sambungane | wisamarta puniku | kartayasa sisihirèki | wirabraja ajajar | lan brajanalèku | wadya kapilih nèng ngarsa | lan nirbaya patrayuda jajarnèki | sisih wadya kanoman ||
6. gandhèk mantri anom wus anangkil | Singanêgara sami siwaka | lan martalulut jajare | kalayan pêrnahipun | rada kiwa niyaga wingking | kidul sêdaya seba | jajar lawan mandhung | winastan wong astranăngga | maudara jagasura judhipati | gowong miwah margăngsa ||
7. pêpak andhèr sêdaya tinangkil | pra bupati miwah pra sêntana | munggèng ngarsane sang katong | lan para pinisêpuh | sampun sami [sa...]
--- 3: 14 ---
[...mi] sumiwèng ngarsi | wadya pasisir lawan | măncanêgarèku | jin pêri miwah prayangan | pra ratune lêlêmbut ing tanah Jawi | sêdaya sami seba ||
8. sagung wadya manungswa tan uning | mung sang nata pribadi kang wikan | pasewakan sru asrine | kadi prawata santun | yèn sinawang sumepannèki | kala Nabi Suleman | siniwi wadya gung | sang nata lênggah ing dhampar | sri narendra sêmana ngandika aris | dhatêng Madurarêja ||
9. wa Madurarêja inggih mangkin | pêkênira lumampah ayuda | dadia senapatine | wong pasisir sêdarum | dèn adua amangun jurit | nêgara ing Jakarta | uwa wartinipun | kancikan băngsa Wêlănda | bupatine kasoran tumanggah jurit | nêgara ing Jakarta ||
10. mugi uwa ngrêbuta ing jurit | ala kêna marang ing Wêlănda | wadya ing pasisir kabèh | angsahna ing prang pupuh | Adipati Madurêjèki | nêmbah nuwun sandika | ngling malih sang prabu | pêkênira anggawaa | mriyêm ingsun kêkalih ingkang prayogi | anggonên ing ayuda ||
11. amêtua lautan sirèki | angirida pasisir samoa | adipati lênggah lèngsèr | jêngkar nata ngêdhatun | sang dipati prapta wismèki | pra mantri lan sêntana | anom tuwa rawuh | Dipati Madura mujar | mring sêntana anom tuwa alit-alit | padha apradandana ||
12. ingsun iki kinèn anindhihi | mring pêrange wong pasisir samya [sa...]
--- 3: 15 ---
[...mya] | kangjêng sultan timbalane | Jakarta kinèn gêpuk | anundhunga marang Wêlandi | kabèh sêntananingwang | miwah anak putu | anuli padha dandana | nanging ingsun rasa-rasa sun tan mulih | nadyan ingong mênanga ||
13. pêsthi lamun ingsun datan mulih | ya ta garwane sang adipatya | myarsa wuwuse lakine | sami anangis umung | sêsambate amêlasasih | myang anak putu samya | anangis wêtu luh | kiyai kados punapa | ngandikane dene mêmarasi ati | kang raka lon ngandika ||
14. apan uwis karsaning Hyang Widi | padha karia arja ta sira | dèn abêcik-bêcik kabèh | iya sapungkur ingsun | măngsa sira wurunga benjing | anusul marang ingwang | ya pangrasaningsun | sigra Pangeran Madura | wus angrakit tata gêgamaning jurit | barise wus apêpak ||
15. Surabaya kêlawan Garêsik | ing Lamongan Lasêm Sêdayunya | Tuban Dêmak Jêparane | Juwana tuwin Kudus | ing Sêmarang wus sami mulih | marang nêgaranira | sowang-sowang sampun | mriyêm kêkalih binêkta | marang Sampang kang pinarcaya gadhuhi | jaga mêtu lautan ||
16. wus prajangji sagunging bupati | Sampang kêlawan ing Surabaya | kang mêtu ing dharatane | Ngastina gèn têtêmu | akumpulan sagunging baris | Ki Madura lampahnya | tan kawarnèng ênu | wus prapta nêgri Ngastina | sakathahe sagunge wadya pasisir | wus sami ingutusan ||
17. ingkang kilèn wus sami rumanti | miwah wetan sampun [sa...]
--- 3: 16 ---
[...mpun] sami prapta | sami pakumpulan kabèh | sampun dandan pêrau | tan antara budhal tumuli | sigra anulya mancal | babar layaripun | kang palwa silêm dharatan | kang sawênèh ana kang ngangkat kumudhi | Kaliwungu ing Kêndhal ||
18. Batang Wiradesa ing Samawis | ing Barêbês kêlawan ing Têgal | Pamalang kumpulan kabèh | tinata layaripun | ting galêbyar dinulu asri | tan kawarna sêmana | Carêbon wus rawuh | dènira atata-tata | sigra mangkat saking Carêbon nêgari | tan kawarna lautan ||
19. ing Jakarta sêmana wus prapti | sigra nata sagunging gêgaman | Pangran Madura pondhoke | kidul wetan kuthèku | pan kinêpung pondhok pasisir | Wêlănda amiyarsa | yèn arsa ginêpuk | marang wadya ing Mêntaram | sakathahe wong Jakarta sami balik | seba Madurarêja ||
20. ingkang kari pan namung Kumpêni | ya ta sami piranti sêdaya | dèn santosani bètènge | pinasang mriyêmipun | lan gurnada myang gutuk api | Lănda sadina-dina | puyêngan yang-uyung | pangagêngira Wêlănda | kang marentah sagunge wadya Kumpêni | kapitan pêparabnya ||
21. Jakup Wisèh prakosa tur wani | agêng inggil gagah tur prawira | ing sabrang pilih tandhinge | arang kang wani mungsuh | lan kapitan lamun ajurit | malih kapitanira | Bèlêm wastanipun | Kaptin Adrus jajarira | sêkawane Sitoye namanirèki | satunggal Jrodo nama ||
--- 3: 17 ---
22. kanêmira kapitan kêkasih | Kaptin Karèng ing kapitunira | Kaptin Kêbyuk kawolune | sêkawan petoripun | pan nêmbêlas litnanirèki | lopèrès tan winarna | Kumpêni wus guyub | andina baris mêlatar | tamburira kadhobrangan sami muni | sêdaya nêdya pêjah ||
23. pra Wêlănda ingkang alit-alit | langkung tintrim ngênês manahira | akumpul sajroning bètèng | tan ana wani mêtu | ênêngêna sagung Wêlandi | ucapên wong Mêntaram | Madurarêjèku | barise sampun tinata | pra dipati wadyane wus dèn utusi | sampun prapta sêdaya ||
24. anrang baya ingkang sampun prapti | ing Barêbês Têgal lan Sumêdhang | Pamalang sêsarêngane | tuwin Wiradesèku | Batang Kêndhal lan Kalitangi | Sêmarang myang Jêpara | ing Tuban Sêdayu | Kudus Pathi lan Juwana | ing Garêsik Surabaya Gêmbong Bangil | Nglasêm Lamongan Blora ||
25. Dipati Sampang miyos jaladri | jaga mungsuh kang saking lautan | Madurarêja wuwuse | sêdaya sanak ingsun | ing sagunge para bupati | prakawising ayuda | sami kula tantun | yèn rêmbag sanak manira | ing Jakarta sumăngga ginêbag jurit | inggih wong Jawa têlas ||
26. wong Jakarta wus seba mariki | jroning kitha mung kantun Wêlănda | Ki Baurêksa ature | kula ngaturi rêmbug | dene wadya kang mêdal warih | punika dèrèng prapta | ingantos karuhun |
--- 3: 18 ---
ing nguni wus prajanjian | ing ayuda sarênga lêburing jurit | gêpuk tiyang Wêlănda ||
27. lah punika kêlamun suwawi | dèrèng prapta sae ingantosan | sadina kalih dinane | Madurarêja rêmbug | amiturut ature sami | Tumênggung Baurêksa | dhinahar kang atur | riyêg sagunging bupatya | angrêmbagi dipun sarèhêna dhingin | kunêng gênti kocapa ||
28. Sultan Agung Mêntaram winarni | anèng pura anuju pinarak | kêlawan kang uwa bae | sang nata ngandika rum | inggih uwa Purubayèki | sampeyan tumindaka | andombani laku | kang yuda dhatêng Jakarta | inggih uwa punika sampyan pirsani | mêdala ing lautan ||
29. nanging uwa inggih karsa mami | pun Wêlănda sampeyan kapokna | supados ngèdhêp kemawon | karyaa labêt ngriku | apratăndha amangun jurit | sigra pamitan mentar | saking ing kêdhatun | panêmbahan tindakira | tan ambêkta gêgamanira ngajurit | namung lurah kapêdhak ||
30. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Japara Pangeran Purbaya | wus kagungan palwa dhewe | wastane kang pêrau | kaladuta santosa bêcik | pan sampun tinitihan | babar layaripun | prapta satêngah lautan | ênêngêna panêmbahan kang lumaris | ing Jêpara kawuntat ||
124. Pangkur
1. warnanên kang nèng Jakarta | Jêng Pangeran Madurarêja nênggih | wus myarsa pawartanipun [pawartani...]
--- 3: 19 ---
[...pun] | Pangeran Purubaya | ambantoni anusul ing lampahipun | tampine sajroning driya | saklangkung lingsêm ing galih ||
2. ginalih tan bangkat karya | dene lampah anganti dèn bantoni | gya nêmbang têngara umung | gong bèri mawurahan | Baurêksa wus satata barisipun | amor pasisir barisnya | gumyah untabing wadya lit ||
3. tuwin kang mêdal samodra | wong ing Sampang nêmbang têngara aglis | salomprèt suling wor tambur | bêndhe bèri wurahan | surakira anglir pendah gunung rubuh | Wêlănda gugup miyarsa | lamun arsa dèn inggahi ||
4. anulya nêmbang têngara | tambur muni barung salomprèt suling | gumêrah swaraning tambur | Kumpêni amêlatar | mariyême sêdaya rinakit sampun | gutug apine pinasang | wus tata sami ngadhêpi ||
5. saradhadhu tuwin litnan | sikêp bêdhil gêgamanirèng jurit | sakumpêni wus akumpul | sradhadhu tindhihira | kopralipun têtiga lopèrèsipun | wus miranti sapêrgada | litnane namung satunggil ||
6. litnan kalih kang anata | lopèrèse sampun ngidêri baris | kang nèng wetan kulon kidul | barise wus tinata | mung sêkawan bêrgada Lănda kèhipun | kapitanira kang nama | Jakup Wisèh kang ngidêri ||
7. Kumpêni sami janjian | aja ana gumingsir barêng mati | Kumpêni kabèh wus rêmbug | prajanji [pra...]
--- 3: 20 ---
[...janji] sarêng pêjah | Kaptin Wisèh asru ing pamuwusipun | sapa sudi maring sira | wus ala tan wani mati ||
8. Wêlănda sami bubuhan | ngarêpakên marang mungsuhirèki | ungkur-ungkuran puniku | aja na mundur yuda | nadyan ana pira mungsuh ingkang rawuh | aja gumingsir ing aprang | yèn kalah prang angêmasi ||
9. barise Wêlănda tata | kidul wetan wau kang dèn kèndêli | sinawang lir pendah mêndhung | bêdhilira tinata | mariyême gurnat gurnada lan êbun | gutuk api miwah lela | kalataka angidêri ||
10. sênjata pating galêbyar | tambur muni kadi mêcahna kuping | Kaptin Jakup sisèh kidul | kanthi kapitan papat | kang anama Kapitan Wèlêm Wisêbrus | Tubyas rewange satunggal | kêlawan Kapitan Wali ||
11. Ki Madura atêngara | wong pasisir kang kilèn mangsah jurit | suwaranira gumuruh | suraknya asauran | karsanira angrangsang bètèng ginêmpur | rame sami bêbêdhilan | kalihe mantêp ing jurit ||
12. wong pasisir mangsah rampak | wong Kumpêni barise wus rumanti | mariyêm sinumêd sampun | swara lir gêlap ngampar | mungsuh rewang bêdhil swarane gumrudug | wong pasisir kathah pêjah | nanging maksih sami ngukih ||
13. bêdhil muni datan kêndhat | mariyême tan anggop dènnya muni | swarane lir gunung rubuh | sèwu sarêng ambruknya | mimisira mancorot lir udan daru | wontên [wo...]
--- 3: 21 ---
[...ntên] ingkang indha mêndhak | singa katrajang babarji ||
14. tan ana măngga puliha | wong pasisir wus kathah kang ngêmasi | ingkang urip nandhang tatu | tataning baris bubrah | duk sêmana kang yuda kêsaput dalu | wong Jawa mundur sêdaya | manahira langkung miris ||
15. Ki Madura karsanira | enjingira karsane mangsah jurit | wadya kang ngambang ing laut | sampun sami ngutusan | kinèn sarêng mangsah ing panggêpukipun | wadya pasisir sêdaya | mariyême wus miranti ||
16. Wêlănda sampun atata | abêdhilan ingkang anèng pasisir | mariyêm anèng pêrau | muni ngungkuli kutha | sinulêdan swarane lir gunung rubuh | lir pendah gêlap sauran | pêtêng dhêdhêt kadi wêngi ||
17. wong Jawa kathah kang pêjah | wong Kumpêni akèh tatu kèh mati | saradhadhu kathah lampus | kopral miwah sareyan | wong Kumpêni prangira kêlangkung ribut | pêtêng kukusing sêndawa | pati-pati anggagapi ||
18. nadyan kang mêdal lautan | pan akathah antukira pêpati | mariyêmira pikantuk | Kumpêni kathah pêjah | têtindhihe Kapitan Drus sampun lampus | litnane kêkalih pêjah | sareyan têtiga mati ||
19. nanging sampun ginantenan | kapitane litnane dèn suluri | maksih rame aprang pupuh | gumuruh abêdhilan | duk sêmana apan kasaput ing dalu | prasami apirêmbagan | Kumpêni tyasira tintrim ||
20. kunêng gênti kang
--- 3: 22 ---
kocapa | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | angambang anèng ing laut | nitih pun kaladuta | kapalira agêng panjang pêngkuh bagus | nênggih kocaping carita | wontên palwa agêng prapti ||
21. nênggih kapale Wêlănda | karsanira arsa tulung Kumpêni | gêgaman kang anèng laut | punika dados sêmang | kapalira pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | palwanira marêpêki ||
22. Kumpêni kang anèng palwa | sêdayane sampun angati-ati | mriyême sinulêd sampun | nèng ngajêng panêmbahan | datan kandhêg kang palwa anêmpuh asru | ngadêg lir dêksaka lanang | pangran nèng ngajêng kumudhi ||
23. kang palwa anulya nunjang | angin sangêt swara lir mriyêm muni | barat sangêt dènnya nêmpuh | palwa tarung lir gêlap | palwanira Wêlănda pan ajur mumur | kèrêm anèng ing samodra | lumayu palwa kang kari ||
24. sampun misuwur kang warta | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | aprang anèng têngah laut | palwane Lănda pêcah | kèrêm laut palwa kang kalih lumayu | Kumpêni sarêng miyarsa | manahira sami giris ||
25. wus kaloka mring Wêlănda | yèn Pangeran Purubaya sinêkti | misuwur yèn bisa mabur | ya ta kala sêmana | wong Kumpêni eyang-eyung kala dalu | ngawang-awang binêdhilan | dumadi obate tipis ||
26. enjang malih kawarnaa | panêmbahan palwane sampun minggir | wong
--- 3: 22 ---
pasisir sami dulu | ingkang anèng lautan | sêdya mangkat umangsah ngadoni ripu | sampun aminggir sêdaya | Kumpêni sampun arakit ||
27. rêmbagira pra kapitan | bêdhil gêdhe kang nèng pinggir pasisir | tinutupi karsanipun | sampun ingarah-arah | ingkang yoga mimis bisaa malêbu | anulya sinumêt sigra | pangarahira pan sisip ||
28. ngênèni lambe kewala | malah gêmpal lambe mriyêm Mêntawis | abêdhil-binêdhil dangu | pêrau kathah pêcah | wadya alit kang nunggang kèrêm kèh lampus | Kumpêni kathah kang pêjah | kapitannya roro mati ||
29. Panêmbahan Purubaya | sigra têdhak saking palwanira glis | punakawane têtêlu | punika kang binêkta | ingkang ngampil lancaran miwah kêkuthuk | lan kang ngampil pakinangan | Kumpêni sami udani ||
30. ya ta wau binêdhilan | mariyême prasami dèn sulêdi | swarane lir gunung rubuh | gurnat lawan gurnada | gutuk api swarane kadi galudhug | tambur lir bêdhah-bêdhaha | salomprèt pating jalêrit ||
31. panêmbahan angandika | Si Wêlănda dene kêpati-pati | ambêdhili marang ingsun | lah iya êntèkêna | tandangira Kumpêni sangsaya gugup | kadi bêdhil wêwayangan | bêdhil buntêt datan muni ||
32. sawênèh bêdhile sêmpal | panêmbahan sangsaya marêpêki | Wêlănda sangsaya gugup | gègère apuyêngan |
--- 3: 24 ---
ana ingkang bêdhile marêp mandhuwur | manahira butarêpan | manawa ana ing langit ||
33. Panêmbahan Purubaya | angandika apa ta Si Kumpêni | apa ngandêlakên iku | kandêle bètèngira | lamun ingsun dhinawuhana anglêbur | iya marang kangjêng sultan | anumpês marang Kumpêni ||
34. măngsa ta nganti rong êjam | mêsthi sirna kabèh sira Kumpêni | măngsa nganti dina sesuk | Jêng Pangran Purubaya | wong Kumpêni sinudingan bètèngipun | bètèng bêngkah sêdhêng janma | gègèr otêr wong Kumpêni ||
35. Panêmbahan Purubaya | narik kêris Ki Jimat wastanèki | mariyêm pinancas dhuwung | lêlima sami pagas | jêng pangeran mundur lawan abdinipun | nèng marga sinambi mucang | lampahe pangeran aris ||
36. punakawan anèng wuntat | pan rahayu sakeca lampahnèki | nèng marga sinambi udud | lajêng minggah baita | duk sêmana lajêng kêsaput ing dalu | panêmbahan wus nèng palwa | saundurira ajurit ||
125. Durma
1. Panêmbahan Purubaya angandika | sagunge wong pasisir | ingsun marang têngah | sira padha sun jaga | yèn mungsuhmu anêkani | Pangran Purbaya | anulya layar aglis ||
2. sigra babar layar kang palwa manêngah | sakêdhap tan kaèksi | kang sinêdyèng nala | kundur dhatêng Mêntaram | sarèhning sampun akardi | tilasing yuda | lan gara-garèng jurit ||
3. wong Kumpêni saya awayang-wuyungan [awayang-wuyung...]
--- 3: 25 ---
[...an] | ana mêndhung kaèksi | gègèr apuyêngan | anulya binêdhilan | kang anèng kidul winarni | Ki Baurêksa | majêng angrangsang biting ||
4. sakathahe wong Ngastina sami nglanggar | Kumpêni tlas kang mimis | nulya mimisira | dèn êkum uyuh tenja | kang sawênèh gajih babi | kinarya ngumbah | sagunge mimis-mimis ||
5. wong Kumpêni sêdaya sampun uninga | bitinge dèn ingêri | adandan sêdaya | mariyêm sinulêdan | muni lir rubuh kang langit | ingkang katiban | akèh mati babarji ||
6. Ki Tumênggung Baurêksa nandhang brana | mimis sawat nibani | tugêl pupunira | wong pasisir kèh pêjah | mimis tiba lir gurimis | Kumpêni têmah | obat mimise ênting ||
7. winêtara mung kari kanggo sadina | sampun bolong kang biting | obat mimis têlas | tambuh-tambuh solahnya | ya ta wau wadya Jawi | wrin Baurêksa | kanin tyasira miris ||
8. ya ta kèndêl kasaput dalu kang yuda | kèh minggat wong pasisir | mulih nêgrinira | ya ta Mandurarêja | rêmbug arsa angawaki | kadang kadeyan | pêpak sami tinari ||
9. ingsun arsa ngamuk bètèng benjang enjang | ya arsa sun lêboni | padha sêsucia | lah payo padha niyat | anglakoni mati sabil | matur sandika | santana bala mantri ||
10. sarêng lêbur sêdaya sanggupanira | enjinge kang winarni | Ki Madurarêja | sêmana sampun [sampu...]
--- 3: 26 ---
[...n] mêdal | arsa ngawaki ajurit | nêmbang têngara | bêndhe ngungkung tinitir ||
11. wong Kumpêni barise sampun mêlatar | anèng saluhur biting | bêdhil wus ngisenan | mimis dèn ulêt tenja | Ki Madura mangsah jurit | para sêntana | wadya lit datan kari ||
12. kagegeran Kumpêni bêdhile munya | mariyêm dèn sulêdi | swarane lir gêlap | orêg ingkang pratala | aprakêmpa gonjang-ganjing | wadya Mêntaram | akathah kang ngêmasi ||
13. kang sawênèh tiba tangine lumajar | wênèh sêmpal manguwir | bau suku sêmpal | ana uwange sêmpal | mimis sawat anibani | nora sêsambat | lambung bêt angêmasi ||
14. kang sawênèh tiba bêdhile kasingsal | tangi umangsah malih | Ki Madurarêja | sarira lir pêrada | mimis ingkang angênèni | sigra ingusap | kumrutug tibèng siti ||
15. mangsah malih wus parêk bètèng Wêlănda | Wêlănda ing jro biting | gègèr apuyêngan | lir gabah ingintêran | sampun têlas ingkang mimis | langkung kasêsa | dènnya ngisèni mimis ||
16. tan anganti wêwadhah tapiyonira | kinarya cidhuk tai | wênèh sendhok tangan | ya ta ana Wêlănda | tablun sinendhok kêlambi | pan binêdhilan | Madura ngrampit biting ||
17. swaranira bêdhil anglir arga bêntar | tambur brang-brangan muni | bêdhil lir brondongan | pêtêng kukus sêndawa | salomprèt pating [pa...]
--- 3: 27 ---
[...ting] jalêrit | wadya Madura- | rêja kèh kang ngêmasi ||
18. ingkang têguh kathah wuru dening tenja | sawênèh awaknèki | agêgubras tenja | ana kang gulagêpan | sagunge wadya prajurit | kèh wuru tenja | sawênèh mutah tai ||
19. datan kobêr umangsaha ing ayuda | pijêr awuru tai | Ki Madurarêja | mungur-mungur asayah | mundur sami mêndêm tai | amutah-mutah | pra sêntana kang kari ||
20. ingkang kantun sêntana mung kalih dasa | wus têlas kang wadya lit | tangi nora bisa | wadya lit ingkang gêsang | kuwarêgên mêndêm tai | sawênèh ana | banjur adus mring kali ||
21. sami gêbyur silulup ngumbah busana | ya ta anulya salin | mulih pêsanggrahan | Pangran Madurarêja | kèh rusak wadyanirèki | kang maksih gêsang | dèrèng suda tyasnèki ||
22. jroning biting Wêlănda wayang-wuyungan | panggêdhene kèh mati | kaptin papat pêjah | litnanipun sêkawan | lopèrès dwi dasa mati | Kumpêninira | sabêrgada kang mati ||
23. ingkang dadya sangêt susahing Wêlănda | obat mimise tipis | riyêg rêmbagira | sumêja ambêk pêjah | mimisira namung tai | tan sêdya gêsang | sagung para Kumpêni ||
24. kunêng mangke sinigêg ing Batawiah | kang kundur mring Mêntawis | Kangjêng Panêmbahan | Purubaya wus prapta | anèng nêgari Mêntawis | lajêng asowan | ngarsanira sang aji ||
25. ngaturakên [ngatura...]
--- 3: 28 ---
[...kên] ing lampahira dinuta | miwiti amêkasi | Pangeran Purbaya | mring nata alon turnya | dhuh sang nata yèn suwawi | kang băndayuda | Jakarta pan prayogi ||
26. kinèndêlkên amargi tiyang Wêlănda | dhatêngipun mariki | sêdya adêdagang | botên ngrêbat nêgara | yèn punika sri bupati | kinèndêlêna | wêwah arjaning nêgri ||
27. kangjêng sultan kapênujon galihira | ya ta ngandika aris | dhumatêng kang uwa | Pangeran Purubaya | lêrês wa wit wus pinêsthi | karsaning Suksma | tan kenging owah gingsir ||
28. pun Wêlănda inggih ing têmbe ngakirnya | sapêngkêr kula benjing | turun-turun kula | sintên jumênêng nata | yèn kawon prang dèn tulungi | lan turun kula | sintên kang madêg aji ||
29. lawan ingkang botên madêg naradipa | yèn sae mring Wêlandi | èstu manggih arja | tinulung sasêdyanya | mênawi adamêl drêngki | dhatêng Wêlănda | sangsara kang pinanggih ||
30. mila kula adamêl pêrang punika | adamêl labêt nênggih | wajibing narendra | wingking ajrih-ajriha | jêng sultan ngandika malih | mring gandhèk sigra | salobogan dènnya ngling ||
126. Asmaradana
1. bocah gandhèk ingsun tuding | lumakua mring Jakarta | iya timbalana mulèh | si uwa Madurarêja | lawan Si Baurêksa | sakancane aja kantun | Si Tumênggung Baurêksa ||
2. lan Madurarêja nuli | anèng dalan patènana | jisime pêndhêmên karo [ka...]
--- 3: 29 ---
[...ro] | anèng Kaliwungu kana | gandhèk nêmbah gya mentar | inggale carita rawuh | anèng nêgara Jakarta ||
3. lan Madurarêja panggih | myang Tumênggung Baurêksa | dhinawuhkên timbalane | Jêng Sultan Agung Mêntaram | Pangran Madurarêja | budhal sawadyane kêbut | sapraptanira ing marga ||
4. wus sami dipun têlasi | Pangeran Madurarêja | kêlawan Baurêksane | jisimira wus pinêtak | nèng Kaliwungu samya | gêntia ingkang winuwus | Wêlănda kang nèng Jakarta ||
5. wus têrang pamirsanèki | barisnya Mêntaram bubar | sampun mantuk sakancane | tyasira kêlangkung suka | sêdaya sukèng driya | kapitan sawiji muwus | undure baris Mêntaram ||
6. tamtu wit karsa sang aji | sêdaya mangayubagya | ya ta kapitan lingnya lon | mêsthine iki jêng sultan | ingkang paring apura | marang Wêlănda sêdarum | pratăndha yèn wus kalilan ||
7. Wêlănda manggon ing ngriki | omah ana ing Jakarta | yèn iku kaya mangkono | prayoga nuli utusan | umarêk sri narendra | anyaosi atur-atur | busana ingkang prayoga ||
8. wus rêmbag sigra cêcawis | busana mawarna-warna | endah-endah adi kabèh | sutra maliyo sangkêlat | kêsting kêstop liyanya | ingkang băngsa alus-alus | tinata rong puluh êkas ||
9. caraka lumampah aglis | inggale carita prapta | anèng nêgri Mêntarame [Mênta...]
--- 3: 30 ---
[...rame] | lajêng kunjuk sri narendra | tur-atur wus tinampan | sang nata suka ing kalbu | duk sêmana sinêngkalan ||
10. ratu rêsi tata bumi |[3] ya ta ing alama-lama | kangjêng sultan nulya miyos | siniwaka pagêlaran | pêpak sagunging wadya | pra sêntana sami kumpul | sumiwi ngarsa narendra ||
11. sang nata ngandika aris | adhi Silarong ngong duta | sira lumakua gawe | bêdhahên ing Bêlambangan | uwong măncanêgara | pasisir kèri sêdarum | padha adunên ngayuda ||
12. sarta sira sun kanthèni | bocah gandhèk Padurêksa | dadia matapitane | ngawasêna ing ayuda | kang bêcik lan kang ala | Pangeran Silarong wau | nêmbah wotsari sandika ||
13. utawi para bupati | sêdaya matur sandika | sang nata jêngkar ngêdhaton | pasewakan wus bubaran | umantuk sowang-sowang | pradandosan sêdaya wus | anulya têngara budhal ||
14. lampahe mêdal Kadhiri | lajêng anjog Pasuruan | pra bupati sêdayane | nèng ngriku sampun ngalêmpak | lampahe baris prapta | Watês Bêlambangan rawuh | lajêng tata pêsanggrahan ||
15. wadya lit ing dèsi-dèsi | kang kabawah Bêlambangan | langkung puyêngan gègère | prasami ngili mring arga | wênèh mring wana-wana | ana ngungsi kitha wau | Adipati Bêlambangan ||
16. gupuh utusan mring Bali | anyuwun bantu ngayuda | sampun [sampu...]
--- 3: 31 ---
[...n] binantosnan[4] age | wadya Bali tau tatal | gangsal atus kèhira | kêkalih pangagêngipun | satunggal Dewa Lêngkara ||
17. Dewa Agung kang sawiji | sosoranira pêparab | awasta Panji Balèlèng | Macan Kuning sawijinya | Dipati Bêlambangan | gya budhal sawadyanipun | lan wadya Bali sêdaya ||
18. sumêdya amêthuk jurit | dhumatêng wadya Mêntaram | ingkang nèng Watês barise | ingkang atêngga nèng kitha | putrane sang dipatya | kêkalih prasami jalu | akêkasih Ki Mas Kêmbar ||
19. lampahe sang adipati | ing Watês sêmana prapta | ajêng-ajêngan barise | pan sami sinawang-sawang | enjinge atêngara | pratăndha mangsah prang pupuh | mungsuh rowang sarêng mangsah ||
20. arame bêdhil-binêdhil | kalihira sarêng mangsah | caruk rukêt samya awor | ana kang tumbak-tinumbak | rame rukêt prangira | wong Bali gamane tulup | wong Mêntaram kathah pêjah ||
21. dene pasêr upas mandi | myang dêdamêl liyanira | wong Mêntaram pangagênge | sêdaya ngawaki yuda | langkung riwut tandangnya | wong Blambangan kathah lampus | wangkene susun atumpang ||
22. kang urip angidak mayid | datan ajrih ing tikswara | wong Mêntaram sêdayane | kadi singa lodra galak | lir buta amêmăngsa | sêdaya para tumênggung | sami ngawaki ayuda ||
23. singa tinêrajang ngisis | wadya Bêlambangan bubar | tan măngga pulih yudane [yu...]
--- 3: 32 ---
[...dane] | lumayu angungsi kutha | sagung wadya Mêntaram | sêdaya prasami nglangut | kutha Blambangan rinangsang ||
24. tan ana angeman pati | sagung wadya Bêlambangan | kang anèng jro kutha gègèr | lumayu angungsi arga | ana ngungsi mring wana | sagunge wadya Mêntarum | lajêng sami anjêjarah ||
25. kang dunya bêrana bêrsih | pawèstrine binoyongan | Dèn Mas Kêmbar milya lolos | binêkta marang kang rama | Dipati Bêlambangan | tan karuan wartanipun | pêjah utawine gêsang ||
26. wus kumpul para bupati | nèng jro kutha Bêlambangan | ya ta Pangeran Silarong | alon dènnya angandika | mring sagung pra bupatya | hèh sagunge pra tumênggung | padha sadhiyaa yuda ||
27. nuduha wadyanirèki | angosak-asik kang wana | padha ngupayaa kabèh | ing gunung lan alas-alas | ngandika pra bupatya | sêdaya para tumênggung | lajêng sami matah wadya ||
28. ngosak-asik wana ardi | wong Blambangan kèh kacandhak | gêsang tuwin kêni layon | ing gunung Blambangan ana | ajar abêntur tapa | Ajar Saloka ranipun | sêksana gya pinusara ||
29. winayungyun dèn rut tali | binayang marang ing wadya | mudhun saking arga age | dumugi kitha Blambangan | binêkta marang ngarsa | Pangeran Silarong nuju | siniwi para dipatya ||
30. wadya kang antuk mring ngarsi | Ajar Saloka binêkta | nèng ngarsa tan purun lunggoh | maksih angadêg kewala | Pangran Slarong
--- 3: 33 ---
tumingal | saklangkung rêngu ing kalbu | maskumambang kang gumantya ||
127. Maskumambang
1. ya ta sugal pangeran dènira angling | hèh Ajar Saloka | sirèku nandhang têlali | kayaparan karêpira ||
2. apa urip sirèku apa ta mati | gya Ajar Saloka | alon dènira nauri | manira tan duwe karsa ||
3. salawase ngong pitêkur anèng ardi | nora wêruh warta | polahe si adipati | ing samêngko Bêlambangan ||
4. sira bêdhah pan nora wruh awak mami | dene sira karya | iya marang awak mami | sakarêp-karêpmu dadya ||
5. nanging ingsun tan dosa mring siji janmi | Pangran Slarong myarsa | ki ajar pamuwusnèki | sêbrak anarik curiga ||
6. dyan ginoco ki ajar jajane kêni | aniba ing kisma | jănggarsa tinigas kêris | layone ki ajar musna ||
7. nulya ana suwara ingkang kapyarsi | hèh ta wong Mêntaram | sira niyaya ing mami | ingsun nora duwe dosa ||
8. nora bisa amalês ingsun saiki | besuk titènana | lamun ratu ing Mêntawis | agèthèk baune kiwa ||
9. wong Mêntaram padha dèn angati-ati | sun malês ing sira | Pangran Silarong sirèki | iya sun patèni sira ||
10. jêr sun iya tan dosa sira patèni | besuk wong Mêntaram | nora dosa sun patèni | ponang swara nulya musna ||
11. nulya wontên mantri ingkang prapta
--- 3: 34 ---
malih | bêkta Dèn Mas Kêmbar | binănda ing cindhe wilis | lajêng umarêk ngayunan ||
12. atur sêmbah ulun ngaturkên puniki | inggih Dèn Mas Kêmbar | kacêpêng wontên wanadri | wondening sang adipatya ||
13. Bêlambangan sampun nyabrang dhatêng Bali | Pangran Slarong printah | kumpulna jarahan sami | lan sagunge bêboyongan ||
14. wadyaningsun kang buru apa wus bali | matur pra dipatya | inggih sêdaya wus bali | yèn mangkono benjang enjang ||
15. ingsun budhal kundur marang ing Mêntawis | sagunge bupatya | sandika lajêng rumanti | ing dalu lajêng kasukan ||
16. kunêng dalu ya ta kawuwusên enjing | anêmbang têngara | budhal barise pangarsi | ing wuri kêbut sadaya ||
17. kang boyongan jarahan lampahnya gili | wau Dèn Mas Kêmbar | tinitihakên turanggi | anglarug ing lampahira ||
18. tan winarna lampahira anèng margi | inggaling carita | sampun prapta ing Mêntawis | sang nata nuju sineba ||
19. Pangran Slarong umarêk saha wotsari | solahe dinuta | miwiti malah mêkasi | lan ngaturakên jarahan ||
20. lan boyongan utawi putra dipati | nênggih Dèn Mas Kêmbar | sang nata ngandika aris | iya iku Dèn Mas Kêmbar ||
21. timbalana ya marang ngarsèngong aglis | binêkta ngayunan | muka lir konjêm ing siti | sang nata wêlas tumingal ||
22. angandika wau kangjêng
--- 3: 35 ---
sri bupati | yaiku Si Kêmbar | luwarana dipun aglis | bandane sira sumpaha ||
23. yèn ta uwis ngaturake sumpahnèki | Si Kêmbar sun angkat | iku dadia bupati | ana nêgara Blambangan ||
24. wus sinumpah tinêtêpakên bupati | anèng Bêlambangan | ingèstrèn sagung wadya ji | sang nata nulya angganjar ||
25. mring wadyanya kang mêntas mênang ajurit | wêrata sêdaya | malah prapta ing pêkathik | dene Radèn Padurêksa ||
26. pan ginanjar pinaringan kang kêkasih | Pangran Têpasana | sang nata ngandika malih | hèh Singaranu sun duta ||
27. lumakua sira gawaa prajurit | bêdhahên Sumêdhang | lan ing Ukur dèn abêcik | Ki Singaranu anêmbah ||
28. awotsari sandika aturirèki | sang nata gya jêngkar | kundur ngêdhaton sang aji | wuwusên paseban jaba ||
29. Ki Tumênggung Singaranu anulya glis | mulih wismanira | prapta wisma tata baris | wus samêkta nulya budhal ||
30. sigra nêmbang têngara bêndhe lan bèri | tambure brang-brangan | bul-umbul daludag asri | lêlayu miwah bandera ||
31. pan anglarug wadya gung wus prapta Taji | lajêng lampahira | datan kawarna ing margi | inggale carita prapta ||
32. tapêl watês Sumêdhang kèndêl anuli | tata pêsanggrahan | pakuwon asri rinakit | lir pendah mijil kang praja ||
128. Mijil
1. kunêng gênti kawarnaa
--- 3: 36 ---
malih | ya ta winiraos | Adipati Sumêdhang ing mangke | apinarak kêlawan ki patih | akaliyan malih | tumênggung ing Ukur ||
2. angandika wau sang dipati | kaya pa kang wartos | kyana patih manêmbah ature | ulun myarsa wartose wadya lit | prajurit Mêntawis | sampun akêkuwu ||
3. wontên dhusun Watês dènnya mêrgil | sawadya makuwon | inggih badhe umangsah jurite | ing Sumêdhang lan Ukur puniki | arsa pinrih jurit | ginêmpur sêdarum ||
4. Sang Dipati Sumêdhang lingnya ris | paran ta samêngko | iya patih mungguh prayogane | kyana patih umatur wotsari | yèn paduka gusti | andhahar tur ulun ||
5. inggih sae nungkul saking aris | ywa mapag palugon | mindhak ngathahakên ing susahe | abdi dalêm tiyang alit dèsi | măngsa wande gusti | kasoran prang pupuh ||
6. tyang Mêntaram yèn linawan jurit | lajêng ambêk rusoh | jêng paduka tan kilap adate | pun Tumênggung Singaranu gusti | kawona ing jurit | yêkti wontên bantu ||
7. Ki Tumênggung Ukur anambungi | dènnya muwus alon | inggih lêrês pun patih ature | aprayogi atur pati urip | dhatêng sri bupati | Sang Natèng Mêntarum ||
8. angandika alon sang dipati | yèn kaya mêngkono | angrakita ya bulubêktine | kang minăngka atur-atur mami | kunjuk sri bupati | wong wadon [wado...]
--- 3: 37 ---
[...n] kang ayu ||
9. kyana patih sandika turnèki | manêmbah gya miyos | praptèng jawi gya amêpakake | rajabrana ingkang adi-adi | pèni-rajapèni | tigang atus pikul ||
10. myang pawèstri gangsal atus sami | maksih anom-anom | Ki Tumênggung Ukur apadene | andêdamêl tumbak dèn bongkoki | ya ta sang dipati | budhal saha wadu ||
11. datan ana kang kêrisan siji | sêdaya bêrondhol | kyana patih dhingini lampahe | sampun prapta pakuwon Mêntawis | lajêng katur maring | Kyai Singaranu ||
12. ingandikan ki patih mangarsi | prapta tata lunggoh | sampun katur sêdaya sêdyane | Sang Dipati Sumêdhang samangkin | atur pati urip | anarimèng luput ||
13. Ki Tumênggung Singaranu angling | yèn kaya mêngkono | iya mara aturana age | ki dipati têmua lan mami | abarênga sami | lan Tumênggung Ukur ||
14. nêmbah mentar lajêng lampahnèki | anèng marga panggoh | lan Pangeran Sumêdhang malihe | Ki Tumênggung Ukur tata linggih | ya ta kyana patih | saniskara katur ||
15. nulya lajêng lampahira kalih | wus praptèng pakuwon | Ki Tumênggung Singaranu age | mêthuk lajêng sêsalaman aglis | malbèng kuwunèki | lajêng tata lungguh ||
16. nganorakên raga sang dipati | mlasasih yèn tinon | sampun katur saniyat-niyate | Ki Tumênggung Singaranu myarsi | sangêt wêlasnèki | angrês driyanipun ||
--- 3: 38 ---
17. Ki Tumênggung Singaranu angling | inggih karsaningong | kula bêkta adhi sêkalihe | mring Mêntaram umarêg sang aji | sandika sang kalih | tan lêngganèng kayun ||
18. pan cinêndhak rêroncène kardi | sêksana gya bodhol | tan winarna ing marga lampahe | sampun prapta ing nêgri Mêntawis | sang nata duk lagi | siniwi wadya gung ||
19. eca lagya siniwi sang aji | kêsaru kang rawoh | Singaranu wau ta praptane | ingandikan laju marêk ngarsi | tan adangu prapti | ngayunan sang prabu ||
20. sampun katur lampahe tinuding | purwa praptèng êndon | lan nyaoskên sagung jarahane | myang boyongan lan dipati kalih | sukèng tyas sang aji | ya ta ngandika rum ||
21. ing samêngko Sumêdhang Dipati | lan ing Ukur karo | ya sumpahên puniku karone | ywa nglakoni panggawe kang uwis | sang dipati kalih | sandika turipun ||
22. mring narendra angganjar prajurit | kang mêntas lungandon | awêrata prapta pêkathike | sri narendra angandika malih | ya dipati kalih | sun lilani iku ||
23. amuliha mring wismane maning | têtêpa kang lunggoh | sampun rampung nata timbalane | nulya jêngkar ngêdhaton sang aji | sagung kang sumiwi | sami bubar mantuk ||
24. kawarnaa wau sri bupati | anèng jro kêdhaton | kêlangênan mring taman sarine | ginarêbêg sagung para cèthi | sami ngampil-ampil | upacara
--- 3: 39 ---
prabu ||
25. para cèthi ngampil waos biring | parêkan sang katong | dupi prapta ing taman sang rajèng | wontên kêlangênanira aji | kidang lanang siji | agêng ulês wulung ||
26. dupi miyat dhumatêng sang aji | gambira anyêrot | sri narendra waspada tingale | sigra nyandhak talêmpak sang aji | waos dhapur biring | landhehane wêrgu ||
27. dupi kidang anandêr sang aji | tinadhahan waos | kaprawasa kidang andhêmane | saking sruning panandêrirèki | kuwate sang aji | landheyan mangkêlung ||
28. sri narendra kêna wêntis kering | mring kidang ginayor | datan pasah gya mati kidange | rah sumêmbur ngandika sang aji | ing sawuri mami | kabèh turun ingsun ||
29. sun prasapa aja wani-wani | yèn anganggo waos | lamun wêrgu iku landhehane | nora ingsun lilani prasami | têmah nêniwasi | yèn ana pakewuh ||
30. cinritakkên kewala ing tulis | tan winarnèng lakon | kangjêng sultan kalih kêdhatone | kang satunggil kutha marta nami | dene kang satunggil | sri nata ngêdhatun ||
129. Sinom
1. samodra kidul puranya | yèn kala miyos siniwi | dhumatêng ing wadyabala | sêdaya para dhêdhêmit | pêrayangan jin pêri | sêdaya sagung lêlêmbut | nênggih nêgara Jawa | sumiwi ngarsa narpati | nanging wadya tan ana ingkang uninga ||
2. amung kangjêng sri narendra | pribadi ingkang udani | lawan malih kacarita | misuwur sêdaya janmi |
--- 3: 40 ---
saklangkung dening sêkti | Kangjêng Gusti Sultan Agung | prawira mahambara | sabên ari Jumah nênggih | kangjêng sultan asêmbayang marang Mêkah ||
3. pan amung sakêdhap netra | yèn kalanira sang aji | budhal enjing sing Mêntaram | pukul tiga siyang prapti | anèng nêgri Mêntawis | trêkadhang wau sang prabu | mampir ing pulo sabrang | mring Ngêrum tuwin mring Mêsir | anèng ngriku sang nata akarya tilas ||
4. yèn kundur saking ing Mêkah | sang nata têrkadhang mampir | mring pulo nêgara sabrang | Bangkulu Palembang Ngacih | Padhang myang liyanèki | akarya tilas sang prabu | ing pundi kang nêgara | sêdaya kang dèn tindaki | anèng ngriku sang nata akarya tilas ||
5. kêramate warna-warna | kang binuka sri bupati | nora padha pinta-pinta | nèng praja sawiji-wiji | dènnya babar kasêktin | kinarya pratandhanipun | dadia pêpundhènnya | marang wong sajro nêgari | apadene dhêdhêmiting tanah Jawa ||
6. ratune dhêmit aseba | kang rumêksa ing nêgari | sajrone ing tanah Jawa | sabên dina Sênèn Kêmis | sumiwi ing ngarsa ji | ing mangke pan dipun etung | winarna namanira | para ratune dhêdhêmit | cinêcahkên ing sawiji-wijinira ||
7. kang rumiyin ing bang wetan | Durganêluh Maospait | lawan Raja Baurêksa | iku ratune dhêdhêmit | Bêlambangan winarni | awasta Sang Balabatu | kang rumêksa Blambangan | Buta Locaya Kêdhiri | pan Si Korèn lêlêmbuting Panaraga ||
8. Sidakarè [Sidaka...]
--- 3: 41 ---
[...rè] Kêpacitan | Kêduwang Si Klênthing Mungil | Endrayêksa Kêmagêtan | Jênggala Si Tunjungpuri | Prangmuka Surabanggi | Pênanggungan Abur-abur | Sapujagad ing Jipang | Madiun Si Kalasêkti | Prabu Yêksa kang rumêksa Pasuruan ||
9. Gêgêlang Si Samahita | Gêgêsing Si Dhadhungawik | ing Pajang Buta Salewah | Mănda-mănda ing Mêntawis | Palèrèd Rajêgwêsi | Kutha Gêdhe Nyai Panggung | Babo ing Kartasura | ing Jombor Setan Kèbêri | Juru Taman kang rumêksa ing Tunjung Bang ||
10. kang ana Kayu Gandheyan | Ki Daruna Ni Daruni | Bagus Karang anèng Roban | Kasungjaya Widaningrik | Widăngga ing Dalêpih | Jangkêlung Kêdhung Garunggung | Malang Karsa Angrêksa | Wana Pête ing Bêtawi | Si Dharimil lêlêmbute kang rumêksa ||
11. Si Lemprak Setan Sêmarang | ing Kuwu Si Ondar-andir | jin Santri Setan ing Dêmak | kêkalih kang Ngrêksa Uni | Sima Pêthak ing Pathi | Macan Lorèng nêgri Kudus | gunung Lawu winarna | Jaka Linglung kang nênggani | pan akathah nênggih lamun winarnaa ||
12. ratu dhêmit tanah Jawa | kang sumiwi mring Mêntawis | cinêndhak caritanira | namaning ratune dhêmit | ing mangke kang winarni | duk sêmana sang aprabu | apan sampun pêputra | jalu pan amung kêkalih | ingkang sêpuh nama Pangeran Dipatya ||
13. Arya Mêntaram wus krama | antuk putra Pangran Pêkik | patutan lan Ratu Wandhan | kang nèm nama Den Mas Alit | sampun sinungan nami [na...]
--- 3: 42 ---
[...mi] | Pangeran Danupayèku | putra wusnya diwasa | sang nata gêrah ngranuhi | para garwa pra sêntana sami seba ||
14. jêng sultan alon ngandika | mring Pangran Purubayèki | uwa Purbaya samangkya | kularsa tumêkèng janji | mantuk ing alam gaib | uwa ing sapungkur ingsun | kang dados wêling kula | putrèngsun Pangran Dipati | inggih Arya Mêntaram dèn dadosêna ||
15. narendra wontên Mêntaram | gêntosana jênêng mami | putra kula kang taruna | inggih wa tumuta mukti | wontên ing tanah Jawi | adadosa satriya gung | dene sampeyan uwa | dèn sagêd momong ing wuri | dhatêng sanak tuwin kawula sêdaya ||
16. wus kabèh padha karia | anulya seda sang aji | swarane tangis gumêrah | lir guntur sajroning puri | obah gunung Mêrapi | swaranira gumaludhug | lindhu ngin păncawora | ampuhan mêsês wor riris | aru-ara prakêmpa sanuswa Jawa ||
17. sagara kadya ginêla | ombak nêmpuh parang curi | ingkang toya mawalikan | bumi gênjot gonjang-ganjing | antara pitung ari | ngêrgancang cêlèrèt taun | teja thathit liwêran | ngênês miris sagung janmi | kawarnaa layonira sri narendra ||
18. cinêndhak rêrêngganira | datan winarna ing tulis | sampun binêkta ngastana | sinarèkakên Magiri | pinaripurna asri | astana rêngrêngganipun | pinêtha-pêtha pura | wau sedane sang aji | gajah pitu buta nata
--- 3: 43 ---
kang sêngkala |[5]|
19. marêngi ing dina Soma | Pangran Purbaya miyosi | siniwi ing wadyabala | pêpak sagung pra dipati | sêntana sami nangkil | sawiji tan ana kantun | Pangeran Purubaya | kang wayah sampun kinanthi | linênggahkên wontên ing dhampar kêncana ||
20. nèng sitinggil dènnya lênggah | pêpak upacarèng aji | andhèr wadya ing Mêntaram | sêdaya wus sami nangkil | panêmbahan sru angling | sakabèhe wong Mêntarum | ya padha nêksènana | samêngko Pangran Dipati | iya Arya Mêntaram sun junjung lênggah ||
21. jumênêng Nata Mêntaram | gumanti kang rama swargi | jêjuluk Sunan Mangkurat | ing Ngalaga Senapati | Sayidi Natagami | sagunge wadya Mêntarum | sami saur kukila | pandhita ulama kaji | ki pangulu angadêg lajêng andonga ||
22. dunga luhuring kêratyan | gumuruh swaraning amin | sang nata anulya jêngkar | kundur malêbêt ing puri | panjênêngannya aji | gêmah raharja Mêntarum | jêjêg adil ukumnya | printah tan owah lir lami | kadi ingkang rama kang sampun suwarga ||
23. dintên Rêspati sêmana | sang nata miyos tinangkil | sagunge para sêntana | tanapi para bupati | sêdaya wadya aji | pênuh sumiwi sang prabu | Pangeran Alit sowan | sang nata ngandika aris | mring bupati utawi para sêntana ||
24. sarupane wadyaningwang | padha anyithaka sami | bata sabab ingsun arsa | ngalih kutha lawan puri | tilase
--- 3: 44 ---
rama aji | tan arsa nganggoni ingsun | manira karsa yasa | kutha ing Palèrèd iki | saur pêksi sagunge kang wadyabala ||
25. sêdaya matur sandika | sang nata ngandika aris | hèh Tumênggung Wiraguna | lan Danupaya sirèki | sira ngluruga jurit | marang Bêlambangan iku | ing mêngko pawartanya | rinêbut marang wong Bali | bupatine Bêlambangan kalah aprang ||
26. wus nungkul bupatinira | iya marang uwong Bali | sira karo akanthia | bupati măncanêgari | tumênggung ing Mêntawis | padha milua anglurug | wong pasisir samoa | dèn irida ing ajurit | kabèh padha mêtua anèng lautan ||
27. amung Si Dipati Sampang | aja milu mangun jurit | uruna wadya kewala | Tumênggung Wiragunèki | Danupaya lan malih | Mêntaram Kyai Tumênggung | katiga sarêng nêmbah | sandika lèngsèr wotsari | sri narendra nulya jêngkar angêdhatyan ||
28. wuwusên tumênggung tiga | lajêng sêdhiya ing jurit | wus pêpak kang wadyabala | têngara budhalkên baris | bêndhe bèri tinitir | tambur swarane gumuruh | lampahing wadyabala | sarêng prapta anèng Taji | pan anglarug samarga-marga gumêrah ||
29. kunêng gênti winurcita | kang lumampah andon jurit | ya ta wau kawarnaa | nênggih Jêng Pangeran Alit | kang rayi sri bupati | punika duk wayahipun | jaka kumala-kala | dèrèng nambut ing akrami | jêng pangeran [pa...]
--- 3: 45 ---
[...ngeran] bupati kalih dadya ban ||
30. ran Tumênggung Danupaya | duk tinuding mangun jurit | ambêdhah mring Bêlambangan | kang satunggilipun nami | Pasingsingan kang nami | prasami lênggah tumênggung | Pangran Alit punika | timur mila dalêm Jawi | nèng wismane Danupaya ingkang wuntat ||
130. Pangkur
1. ya ta ing sawiji dina | Jêng Pangeran Alit apan marêngi | lênggah anèng dalêmipun | kêsaru praptanira | Pasingsingan wotsari lan anakipun | ingkang nama Agrayuda | lajêng umarêk ing ngarsi ||
2. jêng pangeran ngawe sigra | ki tumênggung lajêng tumamèng ngarsi | Pasingsingan nêmbah matur | dhuh gusti ngong pangeran | ingkang mugi paduka madêga ratu | gumantos raka paduka | awit kangjêng sri bupati ||
3. asangêt niyayanira | inggih dhatêng wadyabala Mêntawis | sêdaya pirêmbagipun | jêng paduka karsaa | pan ingangkat narendra wontên Mêntarum | amêngku rat nungsa Jawa | kula ingkang ngangkat gusti ||
4. jumênêng Nata Mêntaram | sampun mawi awalanggalih malih | sarèhning wadya Mêntarum | sêdaya pirêmbagnya | yèn paduka karsa angrêbat kêdhatun | wadya Mêntaram sêdaya | pirêmbag mring amba gusti ||
5. paduka karsa tan karsa | dèn aturi inggih jumênêng aji | angrêbat pura Mêntarum | jêng pangran lon dhawuhnya | aprakara iya kraton ing Mêntarum | kakang mas umadêg nata | ngong sasat dadi narpati ||
6. sun tarima anyatriya | mring kakang mas [ma...]
--- 3: 46 ---
[...s] Pasingsingan turnya ris | lamun makatên pukulun | dadosnya tan rumêksa | susahipun sagunge bala Mêntarum | Pangeran Alit miyarsa | pangandikanira aris ||
7. yèn kaya mêngkono bapa | ingsun bêcik pan iya angêntèni | besuk ing satêkanipun | si bapa Danupaya | ingkang marang nêgara Blambangan nglurug | Pasingsingan matur nêmbah | gusti tan susah ngastosi[6] ||
8. mring pun bapa praptanira | ing samangke punika mumpung sêpi | inggih nêgari Mêntarum | bupati sami kesah | wong pasisir lan măncanêgara suwung | kang kantun anèng Mêntaram | pra bupati sampun gilig ||
9. pirêmbage dhatêng kula | sami sagah nglabuhi ing ajurit | dhatêng paduka sêdarum | mêngsah rakanta nata | ing samăngsa mêdal paduka pukulun | angrêbat kraton Mêntaram | sêdaya prasami balik ||
10. dhèrèk dhatêng jêng paduka | jêng pangeran ya ta ngandika aris | iya ngong pikir rêmbugmu | Pasingsingan manêmbah | dhuh gustiku sampun anggalih pakewuh | amung sok paduka arsa | jumênêng Natèng Mêntawis ||
11. kula kang dados pangarsa | mung paduka karsaa madêg aji | ingkang dados sapu lêbu | tuwin gêdhig manggala | pramugari sêdaya pakèwêdipun | kula miwiti ayuda | inggih dintên benjing enjing ||
12. ulun amuke pribadya | tyang Mêntaram kang tan purun guyubi | inggih supadosnya lêbur | nadyan raka paduka [padu...]
--- 3: 47 ---
[...ka] | sri narendra kangelan angidêg timun | măngsa ta găndraa pira | rakanta sri narapati ||
13. sumambung kang para lurah | tigang atus sarêng matur wotsari | dhuh gustiku sang abagus | yèn paduka tan arsa | madêg nata ngrêbata kraton Mêntarum | punapa kang ingupaya | kalêbêt inggih nampik sih ||
14. sungkême wadya sêdaya | ing Mêntaram dhatêng paduka gusti | nadyan kang abdi sêdarum | ajura wor pratala | tan kumêdhèp têmpuhna prabata wau | ngêbura samodra laya | manjinga prawata gêni ||
15. sampun mênggah mangun yuda | anglampahi ayahan tuwan gusti | dipun ngantos lêbur tumpur | mêngsah rakanta nata | botên ajrih tan sêdya ginggang sêrambut | amêngsah wadya Mêntaram | jêng pangeran amiyarsi ||
16. aturira Pasingsingan | lan anake Agruyuda kang nami | tyasira amangu-mangu | wantu maksih taruna | ginarumung ginubêl rinoban atur | dèrèng kagungan panimbang | atur ala atur bêcik ||
17. madêg suraning wardaya | èngêt lamun satriya trah Mêntawis | anyata wijining ratu | kang mêngku tanah Jawa | datan wangwang angrêbuta ing kêprabun | wusana ari[7] ngandika | yèn mangkono iya bêcik ||
18. bapa dina benjang enjang | payo padha umangsah ing ajurit | bocah lurah têlung atus | padha sira dandana | ingsun arsa angrêbut kraton Mêntarum | sêdaya matur sandika | lajêng apradandan sami [sa...]
--- 3: 48 ---
[...mi] ||
19. Ki Tumênggung Pasingsingan | lan anaknya Agrayuda wotsari | nuwun pamit arsa mantuk | linilan sigra mentar | tan kawarna marga prapta wisma sampun | Ki Pasingsingan lon ngucap | marang atmajanirèki ||
20. thole dina benjang enjang | iya sira mêpaka gaman jurit | ya thole ingsun suk-esuk | tak mênyang panggawean | masang bata lan amêpakake ingsun | iya marang wong Mêntaram | ingkang padha nambut kardi ||
21. amêmasang bata kutha | adat sabên bubare nambut kardi | maksih awan iku kulup | mênawa wong nambut karya |[8] uwis bubar sira ingsun undang sesuk | inggal ta sira têkaa | sagamanmu ing ajurit ||
22. iya banjur ngamuk padha | mring kêdhaton iku dèn obrak-abrik | Agrayuda aturipun | rama inggih sandika | sampun mawi malih sumêlang ing kalbu | kunêng Tumênggung Singsingan | warnanên sri narapati ||
23. pinarak anèng jro pura | lan kang eyang Pangeran Purbayèki | Pangeran Purbaya matur | anggèr sri naranata | kula matur rayi dalêm sang aprabu | pan arsa kangrêbat[9] praja | wit saking pêmbangusnèki ||
24. pun Tumênggung Pasingsingan | ingkang sagah junjung arinta gusti | jumênêng Natèng Mêntarum | sangêt pêmbangusira | pun Singsingan dhumatêng arinta prabu | arinta maksih taruna | dèn bêbangus atur manis ||
25. têmah
--- 3: 49 ---
arinta kagiwang | abdinipun pra lurah dèn dhawuhi | kathahipun tigang atus | sami sêdhiyèng yuda | sri narendra miyarsa kêlangkung ngungun | yèn kados makatên eyang | inggih dintên benjing enjing ||
26. yèn pun Pasingsingan prapta | nambut karya lajêng eyang pêjahi | Pangeran Purubayèku | aturipun sandika | sigra lèngsèr saking ngarsane sang prabu | sapraptaning dalêm sigra | parentah dhumatêng abdi ||
27. asadhiya ing ayuda | nging dèn samar sampun ngantos kêtawis | kunêng tan kawarnèng dalu | enjinge kawarnaa | Jêng Pangeran Purubaya sampun rawuh | sêdaya wadya Mêntaram | sampun sami dèn wangsiti ||
28. tan adangu Pasingsingan | prapta gène wadya kang nambut kardi | tan uning yèn wong Mêntarum | sampun rakit sêdaya | ya ta mantri têtiga marani gupuh | duk pêrak narik curiga | sinuduk jajane kêni ||
29. rewange anuduk sigra | Pasingsingan niba lajêng ngêmasi | tan kongsi malês anyuduk | ajur kuwandanira | punakawan tumingal lajêng lumayu | sarêng prapta anèng wisma | Agrayuda dèn wartani ||
30. yèn kang rama sampun pêjah | sinudukan kuwănda rontang-ranting | Agrayuda sarêng ngrungu | sangêt lara karuna | bakda nangis asru wau krodhanipun | sêksana anyandhak tumbak | arsa amucung ajurit ||
131. Pocung
1. numpak gupuh turăngga abudhal [abudha...]
--- 3: 50 ---
[...l] sampun | asuwarèng wadya | payo padha barêng mati | iya padha soroh amuk mring jro pura ||
2. rewang ingsun ja têlangke sira iku | sêmana gya budhal | sawadyanira angiring | nging rewange sarêng wau anèng marga ||
3. sami murud anyimpang saking dêlanggung | kari Agrayuda | lampahira sampun prapti | anèng kori pangurakan sêdyanira ||
4. lajêng ngamuk nèng turăngga maksih manggung | nanging pangurakan | apan sampun dèn rakiti | Agrayuda tan wrin sampun rinakitan ||
5. lajêng wau sinosog ing watang ganjur | sara pan angrangap | sarêng dènnya anumbaki | Agrayuda ajur amoh kuwandanya ||
6. sampun lampus niba saking kudanipun | Grayuda tinigas | Jêng Pangran Purubayèki | nulya marêk ing ngarsa sri naranata ||
7. praptèng ngayun jêng pangran alon turipun | dhuh anggèr sang nata | pun kaki atur udani | Pasingsingan ing samangke sampun pêjah ||
8. lan kang sunu Agrayuda sampun lampus | punika sirahnya | sang nata sigra siniwi | miyos anèng păncaniti siniwaka ||
9. pêpak pênuh andhèr wadya ing Mêntarum | sagung pra sêntana | sêdaya sami anangkil | angandika wau kangjêng sri narendra ||
10. ingsun utus cah wadon mlakua gupuh | sira timbalana | dhimas Arya Pangran Alit | tumêkaa iya anèng ngarsaningwang ||
11. lan sirèku matura arsa [ar...]
--- 3: 51 ---
[...sa] ngong tuduh | jênêngana janma | ingkang padha nambut kardi | ênggon ingsun karya kutha ingkang anyar ||
12. ngaras suku pawongan mentar sing ngayun | tan winarnèng marga | lampahe duta narpati | sampun prapta nèng dalêm Kadanupayan ||
13. ya ta sampun duta lan pangeran pangguh | dhinawuhkên sigra | timbalanira sang aji | Pangran Alit sêmana anulya gêpah ||
14. budhal gupuh sowan ing ngarsa sang prabu | sarêng praptèng ngarsa | manêmbah saha wotsari | jêng pangeran lajêng inguncalan sirah ||
15. lah yaiku Pasingsingan sirahipun | ya ta sri narendra | sarta sru dènira angling | lah ta iku iya yayi rupanira ||
16. ingkang ayun ngangkat sira dadi ratu | ana ing Mêntaram | Pangeran Alit ningali | sirahira Pasingsingan Agrayuda ||
17. asru bêndu sigra dènnya narik dhuwung | sirah kalihira | lajêng sami dèn suduki | sarwi angling Pangeran Alit sêmana ||
18. arsa lampus Pasingsingan ta sirèku | dene dadak sira | angèmbèt marang ing mami | arêp modar têka nora tulus modar ||
19. sang aprabu ya ta angandika arum | kayaparan dhimas | ing mau gonira angling | Pangran Alit sêmana matur anêmbah ||
20. dhuh pukulun inggih kangjêng sang aprabu | tan ngraos kawula | inggih anggadhahi kapti | badhe mêngsah dhumatêng paduka nata ||
21. inggih ulun botên gadhah manah mêsgul | utawi [u...]
--- 3: 52 ---
[...tawi] murina | sang nata jumênêng aji | sri narendra jumênêng Natèng Mêntaram ||
22. dhuh pukulun tan pisan-pisan sang prabu | pan amung akalnya | Pasingsingan anak anjing | sri narendra sêkala sarêng miyarsa ||
23. aturipun kang rayi ngrês galihipun | sakêlangkung wêlas | tumingal dhumatêng ari | ya ta alon sang nata dènnya ngandika ||
24. iya lamun mangkono dhimas aturmu | marang jênêng ingwang | ya ingsun tarima yayi | ing samêngko dhimas iku karsanira ||
25. iya sagung sarupane ta baturmu | ingkang nama lurah | ingsun pundhut sêdayèki | aturêna iya marang ngarsaningwang ||
26. ingsun antu dhimas anèng sitiluhur | Pangran Alit nêmbah | gya lèngsèr saking ngarsa ji | sapraptane jêng pangeran dalêmira ||
27. sampun kumpul kang abdi lurah sêdarum | tri atus kathahnya | wêwolu pangarsanèki | pan kêkalih badhude kang gal-ugalan ||
28. sakêlangkung wadya lit kyèh cacahipun | wus ingangkat nama | Ki Darya Lurah kang nami | têlèdhèke lanang pan amung satunggal ||
29. apan pênuh pêpak sêdaya nèng ngayun | wus ngrasuk busana | sêsikêpira ngajurit | pratingkahe kadya wignya bêdhah kutha ||
30. yèn dinulu ulate asaguh-saguh | lir bisa mêcahna | bètèng ngrangsang balowêrti | nabrang jagang ambubrahi kapurancang ||
31. ting pathunthung prasami angumbar sanggup | wus adating bangsat | umbage
--- 3: 53 ---
kapara luwih | adol umuk saguh tan mundur ngayuda ||
132. Durma
1. Pangran Alit rudetya sajro wardaya | ya ta ngandika aris | bocah ingsun lurah | ingsun aturkên padha | pinundhut maring sang aji | saiki uga | para lurah miyarsi ||
2. sêdayanya karuna asambat-sambat | ngraup suku sang pêkik | kang anèng paseban | myarsa swara karuna | agupuh malêbêt sami | milya karuna | umatur awor tangis ||
3. adhuh gusti ing karsa sampun mangkana | tan wande ingkang dasih | inggih pinêjahan | dhatêng raka paduka | sanadyan kawula mati | lamun ayuda | lan malih tyang Mêntawis ||
4. pra bupati wus baris pêndhêm sêdaya | sumăngga kangjêng gusti | mangsah ing ayuda | lajêng dhèrèk sêdaya | kaping tiganipun gusti | inggih paduka | putranipun narpati ||
5. kang suwargi Jêng Sultan Agung Mêntaram | narendra langkung sêkti | inggih jêng paduka | wus pinêsthi prawira | pantês jumênêng narpati | anèng Mêntaram | ingkang asih wadya lit ||
6. jêng pangeran miyarsa aturing wadya | madêg suraning galih | gadgadèng wardaya | yèn kaya mangkonoa | iya rêmbugira sami | dandana gaman | ya ta pra abdi aglis ||
7. sami nyandhak gêgamanira ngayuda | ya ta Pangeran Alit | angrasuk busana | dhêstharnya latar pêthak | bathik parangrusak klithik | kuluk jangkangan | pinalisir [pi...]
--- 3: 54 ---
[...nalisir] mas adi ||
8. arasukan baludru wungu nyampingnya | anênggih latar putih | bathik parangrusak | sawit kêlawan dhêsthar | paningsête sutra wilis | timangnya êmas | tinarètès sotya di ||
9. èpèkira talidatu rinenda mas | lancingan panji-panji | cindhe puspita bra | gèspêr mas sinasotya | Ki Setan Kobêr cinangking | wusnya busana | lajêng lênggah pêndhapi ||
10. warnanira jêng pangeran kadya bangbang | duk mudhun saking ardi | anulya na prapta | dutanira sang nata | nginggalakên ingkang rayi | kalih kang duta | satunggal Ki Sumêngit ||
11. kang satunggal awasta Andakawana | wau Kyai Sumêngit | lajêng malbêt pyambak | Kyai Andakawana | kantun nèng paseban jawi | ya ta sêmana | Sumêngit dèn pêjahi ||
12. Ki Andakawana lumayu gal-enggal | prapta ngarsa sang aji | wus katur sêdaya | solah-tingkah dinuta | miwiti malah mêkasi | sri naranata | ngungun sarêng miyarsi ||
13. nênggak waspa Jêng Pangeran Purubaya | matur dhatêng sang aji | sinuhun punika | inggih rayi paduka | lohkil makpul wus pinêsthi | dene Hyang Suksma | tan kenging owah gingsir ||
14. rayi dalêm datan tutug ingkang yuswa | ya ta sri narapati | asru angandika | srupane wong Mêntaram | mêngko yèn ngamuk si adhi | aja na nglawan | najan olèh pêpati ||
15. pira-pira padha piyaka kewala | mrih
--- 3: 55 ---
prapta ngarsa mami | yèn ana kang nglawan | sun kêthok gulunira | Panêmbahan Purbaya glis | gya undhang-undhang | mring alun-alun nuli ||
16. wus misuwur undhangira sri narendra | Pangeran Alit prapti | anèng pangurakan | nganti wadya Mêntaram | kang saguh arsa bantoni | tan ana prapta | ya ta abdine sami ||
17. tigang atus prasami lolos sêdaya | mung lurah nêm kang kari | Pangran Alit mirsa | yèn kalêbu loropan | mangunadika ing galih | yèn sun mundura | wirang ya bêcik mati ||
18. sigra mangsah pangeran ngamuk manêngah | piyak wadya Mêntawis | tan ana kang nglawan | ngiwa nêngên piyaknya | Dipati Sampang nulya glis | Dêmang Mêlaya | inggal amalajêngi ||
19. wus kapêthuk ngrangkul sukune pangeran | matur angasih-asih | gusti ywa mangkana | ing karsa dèn sarèhna | ywa mêngsah rakamta aji | sri naranata | sangêt mirma sayêkti ||
20. mring paduka prayogi paduka seba | sampun dhahar turnèki | ingkang tan raharja | pangeran sru ngandika | aja kakehan cariwis | ya ta pangeran | sangêt riwuting galih ||
21. sigra narik Setan Kobêr kang curiga | Dêmang Mêlaya nuli | sinuduk salangnya | tatas anulya pêjah | wong Madura aningali | gustine pêjah | anèng kisma gumuling ||
22. sarêng ambyuk wadyabala ing Madura | ya ta Pangeran Alit | sinosok ing tumbak | ananging
--- 3: 56 ---
datan pasah | wadya Sampang akèh mati | dene pangeran | lurah nênêm kang mati ||
23. lir Bimanyu jêng pangeran yudanira | rinêbut Kurawèki | duk prang Bratayuda | ngamuk lawan curiga | ya ta Jêng Pangeran Alit | jêmpoling asta | kêni kêmbang kacang kris ||
24. amung dhadhal kang kulit ayam kewala | cape astanirèki | sumaput aniba | nèng kisma wus pralaya | wau Jêng Pangeran Alit | sor ringin kêmbar | sagung para dipati ||
25. ya ta inggal angrarămpa layonira | binêkta mangarsa glis | minggah sitibêntar | sang nata duk tumingal | ingkang rayi angêmasi | sangêt karuna | kêpati sri bupati ||
26. ingkang ibu lajêng ngrungkêbi layonnya | kang putra lara nangis | sang nata ngandika | sapa kang matènana | yaiki marang si adhi | para bupatya | sami nêmbah wotsari ||
27. aturira wiwitan praptèng wêkasan | ngandika sri bupati | ari ngong sih bocah | wis prawira digdaya | olèh bela adipati | wonge kèh pêjah | sang nata asru angling ||
28. sêksènana sarupane wong Mêntaram | si adhi sun belani | sang nata gya mêrang | baunira kang kiwa | pasah ludirane mijil | Ajar Saloka | ing ngriku nulya manjing ||
29. kacarita sang aprabu ing Mêntaram | gèthèk bau kang kering | ngriku panitisnya | nênggih Ajar Saloka | ing nguni kang dèn pêjahi | dhatêng [dha...]
--- 3: 57 ---
[...têng] Pangeran | Silarong tilar wêling ||
30. sri narendra sigra anulya parentah | mring sagung pra dipati | kabèh wong Mêntaram | layone ariningwang | pêtakên marang Magiri | dagane rama | sang nata tyasnya brangti ||
133. Asmaradana
1. karaton Palèrèd dadi | sang nata anulya jêngkar | ngalih kêdhaton Palèrèd | wusira ngalama-lama | wau sri naranata | dènira ngalih kêdhatun | sagarwa putra sêdaya ||
2. ya ta kangjêng sri bupati | saklangkung anèh ing karsa | tan kadi adat-adate | mèh sabên dina sang nata | siniwi magêlaran | lamun tinangkil sang prabu | lajêng dhawuh mêjahana ||
3. mantri utawi liyaning | wong Mêntaram sami susah | kunêng gênti winiraos | ing mangke kang kawarnaa | Tumênggung Wiraguna | Danupaya katrinipun | Kyai Tumênggung Mêntaram ||
4. bupati ingkang kêkalih | Ki Tumênggung Wiraguna | lan Danupaya kalihe | sawadya mêdal dharatan | Ki Tumênggung Mêntaram | wadya Pasisir sêdarum | miranti mêdal lautan ||
5. gancanging carita prapti | watês nêgri Bêlambangan | lajêng tata pakuwone | Adipati Bêlambangan | sampun atata-tata | angrakit prajuritipun | samêkta gamaning yuda ||
6. sêksana têngara aglis | bêndhe bèrine tinêmbang | pratăndha mangsah palugon | kumêrap kang wadyabala | ya ta wadya Mêntaram [Mênta...]
--- 3: 58 ---
[...ram] | têngara bêndhe angungkung | tambure munya brang-brangan ||
7. bul-umbul lêlayu sami | bandera têngêranira | wus pinasang sêdayane | pratandhanira ayuda | Tumênggung Wiraguna | ulês bopong kudanipun | sinung nama pun jêmunak ||
8. ki tumênggung sampun nitih | turăngga lan pinayungan | akubêng magêrsarine | barise anèng ing kanan | nindhihi prajuritnya | Ki Danupaya Tumênggung | anindhihi baris kiwa ||
9. anitih turăngga abrit | akêkasih pun wiratha | sarwi dèn garkên payunge | wadya magêrsari kapang | tuwin para sêntana | wadya prajurit nèng ngayun | gêlare sampun tinata ||
10. supit urang glaring jurit | sêsungut utawi awak | lan kang dadi sêsupite | Adipati Bêlambangan | sigra mangsahkên yuda | nrajang kang dadi sêsungut | mirut prajurit Mêntaram ||
11. wadya Bêlambangan ngukih | kinira wadya Mêntaram | lajêng dhadhal prajurite | angêlud wong Bêlambangan | tan wruh kalêbu gêlar | sêsupit sarêng atêpung | anungkêbi kering kanan ||
12. wong Mêntaram mangsah jurit | wong Blambangan karepotan | yudane sampun kalorop | ingamuk wadya Mêntaram | prajurit kathah pêjah | wong Blambangan kathah lampus | kang wangke susun atumpang ||
13. wong cilik atumpês tapis | Adipati Bêlambangan | sêmana lumayu age | angungsi dhatêng baita | sinawang
--- 3: 59 ---
layarira | anyabrang dhatêng ing Wangsul | kunêng ingkang kawarnaa ||
14. Tumênggung Wiragunèki | lan Tumênggung Danupaya | sêksana jêjarah age | dhumatêng kutha Blambangan | pawèstri rajabrana | kinumpulakên sêdarum | sèwu cacahe manusa ||
15. gya budhal marang Mêntawis | kêbut saha wadyabala | datan kari boyongane | kunêng malih kawarnaa | wong Bali nèng lautan | sêdyanira arsa nglambung | tan wruh lamun ing lautan ||
16. wadya Mêntaram wus baris | lajêng sami băndayuda | mariyêm sinulêd age | wong Bali pêraunira | kêna ing mimis pêcah | lajêng kèrêm anèng laut | kang gêsang palwane bubar ||
17. umantuk dhatêng ing Bali | ya ta malih kawarnaa | Tumênggung Wiragunane | lan Tumênggung Danupaya | kang mantuk mring Mêntaram | Ki Mêntaram bubar mantuk | nanging mêdal ing lautan ||
18. Ki Wiraguna winarni | nèng marga kacandhak gêrah | satêmah dadi patine | Ki Tumênggung Danupaya | nèng marga mirêng warta | Jêng Pangeran Alit surud | langkung anglêk ing wardaya ||
19. ki tumênggung loloh[10] aglis | saking putêking wardaya | Ki Danupaya wus layon | sagunge ingkang boyongan | utawi kang jarahan | anèng Taji kèndêlipun | Kyai Tumênggung Mêntaram ||
20. atur uninga sang aji | sampun katur sêdayanya | sang nata ngandika alon | yaiku Si Danupaya | kabèh [ka...]
--- 3: 60 ---
[...bèh] nak putunira | padha patènana iku | gandhèk lawan juru tuwak ||
21. sampun sami prapta Taji | panggih anak putunira | Tumênggung Danupayane | ya ta lajêng pinêjahan | kathahnya kalih wêlas | kunêng gantya kang winuwus | mangsuli caritanira ||
22. Pangeran Silarong nguni | duk Sultan Agung jênêngnya | punika Pangran Silarong | ingutus bêdhah Blambangan | ing mangke winurcita | Pangeran Silarong wau | pinuju tampi giliran ||
23. akêmit anèng jro puri | sang nata anèng jro pura | pinuju sang nata sare | lawan garwa nèng paprêman | tinutup samirira | ya ta wau kang winuwus | Juru Taman sigra prapta ||
24. Ki Juru Taman puniki | duk ing nguni ingkang nama | anênggih Baron Sikèdhèr | lajêng malêbêt ing pura | nimbali para garwa | amindha-mindha sang prabu | yèn kala nimbali garwa ||
25. sang nata kagyat tan sipi | lênggah anèng jro paprêman | amêspadakkên solahe | Juru Taman nèng jro pura | lajêng amotha-motha | ing para garwa sang prabu | sang nata sarêng waspada ||
26. Juru Taman solahnèki | sang nata langkung bramatya | mawinga-winga jajane | wêdana kadi sinêcang | andik pasuryanira | padoning lathi kumêdut | kang langse sigra winiyak ||
27. sri bupati nyandhak aglis | Ki Baru pinusthi ngasta | saksana tinumbak age | Juru Taman jajanira | pasah ludira muncrat |
--- 3: 61 ---
tibèng plèstêr layonipun | gumuling Ki Juru Taman ||
28. sang nata sigra mêrpêki | kang layon anulya musna | ya ta wau sang akatong | sêmana miyarsa swara | ujare ponang swara | dumêling myarsa sang prabu | hèh sang nata ing Mêntaram ||
29. nora bisa malês mami | saiki marang ing sira | antinên besuk ing têmbe | pan iya nêgara Jawa | mêsthi yèn ana mesa | bule siwêr netranipun | dèn angati-ati sira ||
30. sun malês turunmu benjing | marang wong ing nusa Jawa | sang nata sru pamuwuse | besuk mêngko wani ingwang | kang swara nulya musna | sang nata ngandika arum | manis kadi guladrawa ||
134. Dhandhanggula
1. bocah wadon pariksanên nuli | sapa pangran kang kêmit ing jaba | timbalana mring kêdhaton | pawongan sigra mêtu | praptèng jawi nulya kêpanggih | Pangran Slarong ngandikan | malêbêt kêdhatun | jêng pangeran malbèng pura | prapta nêmbah adhi Slarong dipun aglis | buwangên rah dèn inggal ||
2. Pangran Slarong sigra mêndhêt takir | ingkang êrah sami winadhahkan[11] | anèng takir nulya age | tilasing rah puniku | anèng siti dèn dhudhuk kêdhik | katut lan sitinira | dèn wadhahi wau | nênggih sanès ingkang wadhah | tan inguwor kêlawan wadhahing gêtih | byar kundur rah binêkta ||
3. praptèng dalêm pagran mundhut aglis | rah kang nèng takir tinutul sêga | sakêpêl pinakakake | sona [so...]
--- 3: 62 ---
[...na] gya mangan sêkul | asu niba lajêng ngêmasi | ambêdhêl badanira | ya ta kang rah wau | gya cinarub lisah klapa | kaparingan nama upas anglung nênggih | singa-singa kang kêna ||
4. upas anglung anulya ngêmasi | lama-lama abdi kathah pirsa | wontên satunggal abdine | Ki Citra wastanipun | matur nyuwun panawanèki | upas anglung punika | pinaringan sampun | dhudhukan siti ngandhap rah | sumangsane wontên janma ingkang nêdhi | upas anglung punika ||
5. sumangsane dipun panawani | dhatêng Ki Citra anulya waluya |[12] ya ta lami-lami mangke | ingkang warta misuwur | dhatêng tiyang sajro nêgari | katur ing kangjêng sultan | wau sang aprabu | sarêng amiyarsa warta | sangêt duka Jêng Sultan Agung Mêntawis | Pangran Silarong nulya ||
6. gya tinundhung jêng pangeran aglis | datan parêng wisma jro nêgara | nèng dhusun Naladanane | Jêng Sultan Agung surud | ingkang putra gumantya aji | Sunan Gèthèk punika | kang warta misuwur | Pangeran Slarong karyanya | asring paring upas anglung dhatêng janmi | kinarya nganiaya ||
7. Sunan Gèthèk amiyarsa warti | langkung têrang kang atur pawarta | nênggih dhumatêng sang katong | sang nata langkung bêndu | dukanira tan kêni lilih | nyata Ajar Saloka | wus nukma sang prabu | pinarêng takdiring Suksma | ya ta Kangjêng Sunan Gèthèk ing Mêntawis | gya dhawuh juru tuwak ||
8. Pangran Slarong kinèn amêjahi |
--- 3: 63 ---
gya lumampah kalih juru tuwak | sampun prapta ing dalême | Pangran Silarong laju | lênggah anèng pandhapa ngarsi | juru tuwak gya prapta | dhawuhakên wau | timbalanira sang nata | Pangran Slarong tampi timbalan sang aji | pinundhut pêjah tuwak ||
9. gya sinuduk jajanira nuli | pasah rahnya sumêmbur nyamburat | wus seda Pangran Silarong | juru tuwak gya wangsul | garwa putra sami anangis | punika wus têtela | ujare karuwun | sumbare Ajar Saloka | ingkang dipun pêjahi duk kala nguni | mring pangran nèng Blambangan ||
10. wus kayêktèn kawarnaa malih | sri narendra utusan ngupaya | wanodya kang yu warnane | kinarya sêlir prabu | nulya wontên abdi tur uning | kêlamun dhalang wayang | gêdhog wismanipun | lêbête praja Mêntaram | Kyai Wayah punika ingkang kêkasih | inggih kadarbe[13] anak ||
11. mung satunggal èstri ayu luwih | warnanira ngungkuli sapraja | nanging sampun gadhah bojo | Ki Dalêm wastanipun | sri narendra sarêng miyarsi | ya ta lajêng utusan | pawèstri pinundhut | nanging pawèstri punika | sampun wawrat kalih wulan laminèki | ya ta prapta jro pura ||
12. sri narendra sarêng aningali | sakêlangkung dènira kacaryan | anulya dhawuh sang katong | bocah wadon puniku | pêrnahêna ing dalêm nuli | kang kinèn sigra mentar | praptèng dalêm sampun | sang nata anulya [anu...]
--- 3: 64 ---
[...lya] têdhak | sih-sinihan sang nata kêlangkung asih | supe mring para garwa ||
13. sangêt kasêngsêm dhatêng pawèstri | rabinira Ki Dalêm punika | malah dèn angkat namane | Ratu Wetan Sang Ayu | tiyang kathah sami mêstani | inggih Jêng Ratu Malang | mangkana winuwus | sampun prapta ing sêmaya | wawratannya miyos jalu langkung pêkik | sangêt sihnya sang nata ||
14. sri narendra gya parentah aglis | lakinira Kangjêng Ratu Malang | nênggih Ki Dalêm wastane | kinèn mêjahi sampun | dupi wau Ki Dalêm mati | Jêng Ratu Malang tansah | udrasa kêlangkung | ing siyang dalu karuna | kang cinipta amung Ki Dalêm kang mati | siyang ratri asambat ||
15. dhuh Ki Dalêm iya laki mami | ngong tan bisa kari anèng dunya | lah nuli gawanên age | ingsun tan bêtah kantun | nadyan ingsun ginarwèng aji | dhuh kakang atiningwang | ya maksih kadulu | kakang pasihan andika | antènana kakang Dalêm awak mami | nèng bale marcukundha ||
16. sutanira kakang uwis lair | mêtu lanang kakang kaya sira | agagah bagus rupane | atilar dhahar turu | ing antara mung sangang ari | Sang Ratu Malang gêrah | mutah lajêng murus | mung saêjam nulya seda | sampun katur sang nata tyasira rujit | tambuh-tambuh ing solah ||
17. awêkasan têmah wêtu runtik | sarupane pawèstri jro pura | kang nèng dalêm wetan kabèh | bêthèkana sêdarum | nèng paglaran [paglar...]
--- 3: 65 ---
[...an] kaputrèn iki | dosane iku padha | mênggawe rabiku | nalika lara sambatnya | mung Ki Dalêm sinambat ing rina wêngi | jisime Ratu Malang ||
18. kinèn mêtak dhatêng rêdi Kêlir | lan tilare atmaja dèn êmban | dhumatêng sang nata dhewe | sang nata gêrah gandrung | anèng rêdi Kêlir nunggoni | jisime Ratu Malang | tansah gandrung-gandrung | sangêt mirong karungrungan | sri narendra kesah sarwi ngêmban siwi | saksana mundhut sêkar ||
19. angsana bang cangkelak gya bali | mring ênggone garwa Ratu Malang | sang nata lon ngandikane | sarwi agandrung-gandrung | dhuh mas mirah wungua yayi | ênya iki puspita | supaya anggandrung | karyanên ukêl ing rema | atmajanta payo sêsêpana yayi | sang nata sigra ngaras ||
20. sarwi alon ngandika ngêrintih | paran yayi duhkitaning driya | suwe sira ngênêngake | pun kakang kari gandrung | nora ngrasa dosa ngong yayi | marang ing jênêngira | marma ingsun gandrung | katongton ing warnanira | sigra kesah cangkelak bali sang aji | nulya ambêdhol puyang ||
21. gya kinumbah nèng asta cinangking | bali gène garwa Ratu Malang | sarwi alon ngandikane | sarwi agandrung-gandrung | iki puyang karyanên yayi | pan iya dhaharira | supayane gandrung | pinangku layoning garwa | suwe têmên sira yayi tan ngêlilir | ya ta sagung punggawa ||
22. sami sungkawa andulu sang aji |[14] sami matur pukulun sang
--- 3: 66 ---
nata | èngêt kang jumênêng katong | sampun kadurus gandrung | garwa dalêm sampun ngêmasi | inggih măngsa kiranga | wanodya yu gandrung | gusti kawula ngupaya | wanodyendah ngungkuli dayinta gusti | ingkang sampun pralena ||
23. mung paduka amantuna gusti | sih ing garwa kang sampun pralaya | èngêta kaprabon katong | mantuna gêrah gandrung | botên sae mênawi gusti | kontap ing praja liyan | narendra agandrung | sang nata minggu kewala | tanpa nabda anjêtung aringik-ringik | dhêkukul dènnya lênggah ||
24. pan kalantur ing siyang praptèng ratri |[15] lajêng sare sang nata sêmana | supêna wau sang katong | Ratu Malang kêpangguh | pan pinangku lakinirèki | Ki Dalêm ngaras-aras | Ratu Malang ngrangkul | sang nata sarêng tumingal | langkung kagyat garegah wungu sing guling | ningali jisimira ||
25. Ratu Malang wus nir sipat janmi | sanalika èngêt sri narendra | dhawuh karsa angêdhaton | waluya gêrah gandrung | angandika marang ing dasih | pêndhêmên jisimira | Ratu Malang iku | sang nata kondur ngadhatyan | lêga tyase sagunge para dipati | miwah para sêntana ||
26. sinêngkalan pamêndhême jisim | Ratu Malang èsthi buta nyata |[16] wadya ing Mêntaram kabèh | wus têntrêm sapraja gung | kawarnaa sri narapati | nênggih kala sêmana | gangsal putranipun | prasami kakung sêdaya | kang pambajêng patutanira sang aji | lan putri Surabaya ||
--- 3: 67 ---
27. kang dèn angkat Pangeran Dipati | Anom inggih kang ginadhang-gadhang | gumantos jumênêng rajèng | arinira pan catur | sami sanès ibunirèki | panggulunira nama | Pangran Pugêr bagus | Pangran Singasari dhadha | sundhulannya Pangeran Martasanèki | wuragilipun nama ||
28. Dèn Mas Tapa sigêgên sang aji | kocap Pangran Pêkik Surabaya | nunggal Pangran Dipatine | among ing wayahipun | langkung asih ing wayahnèki | utawi garwanira | asihnya kêlangkung | anênggih kala sêmana | Pangran Pêkik apan ta iku gadhahi | kêlangênan bêkisar ||
29. èstri dènnya angingu duk alit | lami-lami wau kang bêkisar | dadya jalu acêcènggèr | bagus bisa kaluruk | sangêt eram Pangeran Pêkik | mangkana ciptaning tyas | kang bêkisar wau | pantês kunjuk sri narendra | sabab anèh kurungan dipun salini | rinarêngga bra mubyar ||
30. rinuruban sutra pingul asri | pinalisir kinakêmbang renda | Pangeran Pêkik nulya ge | lumêbu ing kêdhatun | marêk dhatêng sri narapati | wus cundhuk tata lênggah | lawan sang aprabu | Pangeran Pêkik lon turnya | dhuh pukulun pun patik atur udani | dudukwuluh atămpa ||
135. Dudukwuluh
1. abdi dalêm punika gusti angingu | ing nguni bêkisar èstri | lami-lami dados jalu | kang warna langkung prayogi | pantês wontên ing kêdhaton ||
--- 3: 68 ---
2. ya ta mèsêm wau kangjêng sang aprabu | bêkisar dipun tampèni | ing lair suka kêlangkung | ngandika eram nglangkungi | asangêt gumun sang katong ||
3. jro wardaya sang nata kêlangkung bêndu | tan samar ingkang panggalih | kang rama sasmitanipun | ing netya datan kêtawis | kêlamun runtik sang katong ||
4. bangkit nukma sang nata ing agal alus | sampêt pamêrdining sandi | sang nata osiking kalbu | hèh ta si paman puniki | mring ingsun atur pasêmon ||
5. wit putrane pawèstri kagarwa mring sun | mêngko sun patutan siji | mêtu lanang ngong wèh juluk | sun angkat iku sêmangkin | Pangeran Dipati Anom ||
6. ya ing mêngko uwis diwasa si kulup | supaya sèlèha mami | ya marang atmajaningsun | mring thole Pangran Dipati | iku umadêga katong ||
7. adhuh paman asangêt panêdhaningsun | si paman gènnya ngaturi | prayogi sampeyan mantuk | Pangeran Pêkik gya pamit | lèngsèr saking ngarsa katong ||
8. saundurnya Pangeran Pêkik sing ngayun | sang nata ngandika aris | dhatêng ing abdi sêdarum | si paman Pangeran Pêkik | maring ngong atur pasêmon ||
9. tan prayoga karêpe si paman iku | ngaturi bêkisar iki | awite wadon satuhu | lawas-lawas dadi malih | lanang iku kang pasêmon ||
10. tan prayoga karêpe si paman iku | ngaturi bêkisar iki [i...]
--- 3: 69 ---
[...ki] | ingkang diaturkên ingsun | putrane si paman èstri | barêng kagarwa maring ngong ||
11. manak lanang mêngko diwasa si kulup | pantês gumantia aji | si kulup iku maring sun | si paman ingsun arani | pan iku gege kêprabon ||
12. nora bêcik karêpe têka kasusu | sang nata malêbèng puri | abdi ingkang mirêng dhawuh | sang nata saklangkung runtik | mring Pangran Pêkik ing batos ||
13. ya ta wontên abdi sawiji umatur | dhumatêng Pangeran Pêkik | ngaturkên dhawuh sang prabu | miwiti malah mêkasi | pangeran duk myarsa wartos ||
14. sakêlangkung gêgêtun ing galihipun | katumpangan sangêt ajrih | mring dukanira sang prabu | gya rêmbag lawan kang rayi | sang dyah myarsa sangêt gawok ||
15. awusana sang rêtna waspanya mêtu | alon pamuwusirèki | kados punapa kang rêmbug | kula kangmas pan umiring | amrih prayogining lakon ||
16. Pangran Pêkik alon pangandikanipun | yèn kadi punika yayi | bêcik sira lawan ingsun | apepe ngisor waringin | busana putih wong roro ||
17. Ratu Wandhan alon wau aturipun | kangmas yèn kadya puniki | sumăngga nuntên lumaku | bok inggih sri narapati | dukanipun lamun kasok ||
18. têmah kasèp sêksana busana sampun | amangangge sarwa putih | pepe kidul wringin kurung | lan garwa sêntana aji | mlêtuk [mlê...]
--- 3: 70 ---
[...tuk] lir kapuk kawuson ||
19. pan sêdaya sami ngangge sarwa pingul | sang nata nuju miyosi | siniwakèng ing wadya gung | pinarak anèng sitinggil | karsanira sang akatong ||
20. pan angangkat dhumatêng ing putranipun | Ratu Malang kang wus lalis | samangke sinung jêjuluk | Pangeran Natabratèki | anulya wau sang katong ||
21. aningali sakidul waringin kurung | tiyang pepe sor waringin | kathah kapriksa sang prabu | gandhèk kinèn mariksani | gandhèk gya matur sang katong ||
22. ingkang pepe pangeran ing Surèngkewuh | sagarwa sêntana sami | sang nata sigra adhawuh | timbalana ngarsa mami | kang dinuta awotsinom ||
23. sampun kering prapta ngarsane sang prabu | minggah dhumatêng sitinggil | Pangran Pêkik minggah sampun | kêlawan garwanirèki | kang miyat sêdaya gawok ||
24. sami wêlas angêrês wardayanipun | sang nata sarêng ningali | dhumatêng kang paman wau | tuwin ningali kang bibi | kumênyut tyasnya sang katong ||
25. sri narendra saking dhêdhampar tumurun | kang paman lawan kang bibi | ingaturan tata lungguh | anèng soring dhampar aji | katiga sami andheprok ||
26. sri narendra alon pangandikanipun | punapa paman dadya wit | pepe sor waringin kurung | umatur Pangeran Pêkik | dhuh pukulun sang akatong ||
27. ulun atur prasêtya ing ngarsa prabu | anggèn [ang...]
--- 3: 71 ---
[...gèn] kawula aturi | rumiyin kunjuk sang prabu | tan pisan ulun gadhahi | èngêt lan atur pasêmon ||
28. tuwin ulun yèn gadhah osiking kalbu | maringi dhatêng sang aji | sumêdya balela ratu | tuwin kalamun gadhahi | gege măngsa ing kaprabon ||
29. Pangran Pêkik lawan garwa sarêng matur | lamun kangjêng sri bupati | tan arsa ngapuntên ulun | pukulun amba samangkin | kapêjahana kemawon ||
30. ulun gusti kumurêp ngayunan prabu | katuwêka kris kang mandi | cinacaha kongsi ajur | pun dasih dhatêng nglampahi | sêkar pucung kang gumantos ||
136. Pocung
1. inggih ulun sêdya saos karsa prabu | kalihnya karuna | dènira matur sang kalih | pan tumungkul muka lir konjêm ing kisma ||
2. sang aprabu ing nalika myarsa atur | kang bibi lan paman | kang driya kadi jinait | awusana sang nata milya karuna ||
3. apan emut suwargining ramanipun | sagung kang sumewa | kang cakêt barêbês mili | sangêt wêlas dènira sami tumingal ||
4. sang aprabu ngusapi luh sênggruk-sênggruk | bibi tuwin paman | sampun sungkawa ing galih | sampun kathah ingkang kagagas ing driya ||
5. inggih ingsun tan ngraos runtik puniku | lan samangke kula | dhatêng paman amaringi | maklum tuwin dhatêng pun bibi punika ||
6. kadwinipun kula wêwarta satuhu | ing benjang yèn kula | paman sampun [sa...]
--- 3: 72 ---
[...mpun] angêmasi | mêsthi wayah sampeyan kang gumantosa ||
7. pan satuhu wayahta kang dadya ratu | mêngku tanah Jawa | nanging kêdhatone binjing | inggih botên wontên nêgari Mêntaram ||
8. kratonipun wayah sampeyan ing besuk | pan ing Wanakarta | dene ing Mêntaram ngriki | namung kula kang mêkasi dadya nata ||
9. ngaras suku Pangran Pêkik alon matur | nging panuwun kula | mring Allah kang kaping kalih | kangjêng rasul risake praja Mêntaram ||
10. inggih sampun sanès ingkang madêg ratu | mungna trah paduka | sang prabu aris mangsuli | paman sampun pinasthi karsaning Suksma ||
11. risakipun yèn nagari mèh praptèku | margine punika | wit wayah sampeyan benjing | gih pun thole Dipati Anom kang karya ||
12. sarêng ngrungu Pangran Pêkik dhawuhipun | sang prabu mangkana | gagêtunira nglangkungi | sri narendra alon pangandikanira ||
13. kalihipun paman bibi sae kondur | sampun ta sumêlang | kathah-kathah kang ginalih | kula paman inggih botên napa-napa ||
14. sang aprabu sigra kondur mring kêdhatun | ginarbêg bêdhaya | tanapi pawongan cèthi | praptèng pura sampun asalin busana ||
15. sang aprabu nimbali mantri nèng ngayun | kêkalih kang nama | Nayatruna Yudakarti | ya ta alon angandika sri narendra ||
16. ingsun utus sakarone sira iku | padha lumakua | marang ing tanah pasisir |
--- 3: 73 ---
utawane ana ing măncanagara ||
17. dèn kongsantuk ngluru wanodya kang ayu | bakal ingsun garwa | nanging iya wêkas mami | kang sirambah lah ambungên banyunira ||
18. sumbêripun wong nêgara kang dèn inum | yèn banyune ana | sira gănda mambu wangi | ya ing kono ênggone wadon kang endah ||
19. kang pinunjul sanuswa Jawa satuhu | nuli pêpakêna | wong wadon sajro nagari | lan wong desa aja na kari sajuga ||
20. awotsantun Nayatruna nulya gupuh | Yudakarti mentar | alaju lampahirèki | kang jinujug anèng nagara Japara ||
21. Jêparèku ginănda pranyata suwung | lajêng lampahira | dhumatêng ing Surawèsthi | wontên ngriku anggănda toya sumbêran ||
22. langkung arum gandane kang toya iku | Kyai Nayatruna | Yudakarti amanggihi | mantrinira Pangeran Pêkik sêmana ||
23. ingkang dipun pitadosi têngga wau | nêgri Surabaya | anama Kyai Ngabèi | Mangunjaya Yudakarti Nayatruna ||
24. dhawuhipun timbalan dalêm sang prabu | Kyai Mangunjaya | tampi dhawuh Yudakarti | lan dhawuhe Ki Ngabèi Nayatruna ||
25. kagèt asru amicorèng jroning kalbu | baya takdiring Hyang | yèn anakku wadon iki | bakal dadi garwane sri naranata ||
26. Kyai Mangunjaya lon dènira muwus | mring Ki Nayatruna [Nayatru...]
--- 3: 74 ---
[...na] | kêlawan Ki Yudakarti | dhuh kiyai saking ing pangraos kula ||
27. para arum salêbêting Surèngkewuh | tan wontên kang warna | inggih ingkang anyamèni | dhatêng anak kula pawèstri punika ||
28. Surèngkewuh wanodya pêpak sêdarum | măngsa ta miriba | kalih anak kula èstri | ing samangke sutamba dèrèng diwasa ||
29. mangsanipun inggih sawêg brai santun | pun Hoyi namanya | Ki Mangunjaya nimbali | atmajèstri tan adangu praptèng ngarsa ||
30. langkung ngungun Yudakarti sarêng dulu | dhatêng ni mbok rara | anjomblong tan bisa angling | netranira wong kalih kumêdhèp tismak ||
31. sarêng dulu mantri kalih sami muwus | hèh Ki Mangunjaya | anak andika pawèstri | warnanipun winulat girisi manah ||
137. Girisa
1. punika anak andika | pinundhut sri naranata | Mangunjaya aturira | sumăngga asta kalihnya | Nayatruna wuwusira | anuli dika dandana | dawêg sarêng lampah kula | dhatêng Mêntaram nêgara ||
2. lan anak dika wanodya | puniku andika bêkta | sandika Ki Mangunjaya | dandan lan sagarwa putra | tandhu titihane warga | amor lawan biyungira | anuli budhal sêksana | saking nêgri Surabaya ||
3. mangkana ing lampahira | datan kawurcitèng marga | ing Mêntaram sampun prapta | Yudakarti Nayatruna | lajêng angirid sêksana | tanapi Ki Mangunjaya | sarabine [sara...]
--- 3: 75 ---
[...bine] lan sutanya | dhumatêng Ki Wirarêja ||
4. sapraptanira ing pura | umarêk ngarsa narendra | umatur Ki Wirarêja | ing purwa madya wusana | sang nata ningali sigra | mring Rara Hoyi warnanya | kapanujon ing wardaya | mung sawiji cacadira ||
5. kapalang pan dèrèng măngsa | wusana alon ngandika | hèh Ngabèi Wirarêja | bocah wadon iki iya | rêksanên wismamu kana | tutuga angolah warna | besuk yèn wus têkèng măngsa | sun pundhut maring jro pura ||
6. Wirarêja aturira | pukulun dhatêng sandika | ni rara lajêng kabêkta | mring wismane Wirarêja | kunêng wau ni mbok rara | anèng wisma Wirarêja | gênti malih kawarnaa | Pangran Dipati punika ||
7. samangke lambang asmara | lan garwanira Pangeran | Singasari datan pirsa | nanging dyan ayu punika | gadhah bedhangan malihnya | Pangran Pêkik kang atmaja | Radèn Dhobras wastanira | pêrnah pamanira marang ||
8. jêng pangeran adipatya | Pangeran Singasarinya | mung wuninga garwanira | bedhangan kêlawan Radyan | Dhobras punika pirsanya | Jêng Pangeran Singasêkar | sakêlangkung dukanira | ya ta pangran adipatya ||
9. wuninga yèn garwanira | Jêng Pangeran Singasêkar | olah lambangsari lawan | Rahadèn Dhobras punika | mangkana pangran dipatya | Pangran Singasari sigra | winadulan tingkahira | kang rayi olah miruda ||
10. lan Radèn Dhobras [Dho...]
--- 3: 76 ---
[...bras] punika | kinarya samata-mata | Pangran Singasari myarsa | sakêlangkung dukanira | ya ta Pangran Singasêkar | Radèn Dhobras pinanggihan | tan pisan kêtarèng netya | wus panggih lênggah atata ||
11. pangeran alon dêlingnya | adhi mas lamun sêmbada | suwawia kalangênan | dhumatêng ing kêbon wana | inggih misaya kukila | Radèn Dhobras nut ing karsa | ing driya datan graita | dhasare kurang wêweka ||
12. ya ta lumampa[17] sêksana | sapraptaning kêbon wana | gya canandhak[18] ing ngakathah | dhinadhung jăngga wus lena | ing ngriku kang kêbon wana | wontên sumur wus palastra | lajêng linêbêtkên sigra | nulya ngurugan pratala ||
13. nginggil tinanêman pisang | tinilar kondur sêksana | kunêng kang sampun palastra | Pangran Pêkik kawarnaa | wrin kang putra datan ana | kapan sampun kalih dina | pra abdi kinèn ngupaya | nulya kang abdi sêdaya ||
14. ngupaya antuk pawarta | matur Pangran Pêkik sigra | pangeran têdhak sêksana | ya ta kinèn dhudhuk sigra | sampun mêntas jisimira | ngrungkêbi layoning putra | kêlangkung duhkitanira | pinarêng karsaning Suksma ||
15. prapta ingkang gara-gara | kunêng Mêrapi nyuwara | gumludhug awantya-wantya | Pangeran Pêkik karuna | watu gêng mumbul ngakasa | nèng wiyat kadya dahana | ladhu banjir banyu prapta | girisi dinulu janma ||
16. sela gêng tarung prasamya | têmahan [têmah...]
--- 3: 77 ---
[...an] dadya pawaka | lir pendah udan dahana | ladhu mili ing narmada | kumêlun toya kukusnya | urut lèpèn mangisornya | sagunge kang desa-desa | kurugan ladhu prasamya ||
17. ana kabêsmi dahana | janma kewan kèh pralaya | ing Mêntaram aru-ara | udan wor angin prahara | bayu badra agung prapta | kêkês sagunging manusa | sang nata dhawuh sêksana | mring sagung para ngulama ||
18. sami kinèn andêdonga | nulak praptaning prahara | ya ta kang para ngulama | gumrumung prasami donga | katrima pandonganira | sagunge para ngulama | gunung Mêrapi sêksana | sirêp urubing dahana ||
19. wau ta kala sêmana | sêngkalane tanah Jawa | kêrti kori angin sasra |[19] kunêng sirêping ru-ara | datan antara sêmana | sang nata kang ginupita | animbali putranira | Pangran Dipati mring ngarsa ||
20. tan adangu praptèng ngarsa | mabukuh pasilanira | kadi konjêm ing pratala | sri narendra angandika | thole sarèhning ta sira | ing samêngko wus diwasa | prayoga sira kramaa | saiki sira mênyanga ||
21. wismane Si Adipatya | Carêbon lah priksanana | dhèwèke duwe atmaja | ayu endah warnanira | iku patut adadia | kulup jodho pêkênira | prayoga sira dêlênga | dhingin mênawa ta sira ||
22. wus sênêng wardayanira | nuli sun pundhute marang | iya anèng jroning pura | kang putra matur
--- 3: 78 ---
sandika | nêmbah lèngsèr saking ngarsa | laju tindak dalêmira | Carêbon sang adipatya | sarawuhira ing kana ||
23. gya ngaturan lênggah tata | nèng dalême sang dipatya | sang dipati wus anduga | kang dadya pêrluning karsa | sang adipati sêksana | wau kang putra wanodya | kinèn nyaoskên sêgahnya | gantèn mring raja taruna ||
24. Pangeran Dipati mirsa | dhumatêng wau ni rara | ngunadika ing wardaya | nyata yèn ayu kang warna | nanging sawiji cacadnya | rada lanas pasêmonnya | awani marang wong priya | dangu-dangu panggalihnya ||
25. sangsaya têbah punika | tan măntra-măntra rêsêpa | ningali dhatêng sang rêtna | anulya kondur sêmana | umatur maring sang nata | lamun tan condhong ing karsa | mangkana ing liya dina | Jêng Pangeran Adipatya ||
26. amêng-amêng tindakira | mampir dhatêng wismanira | Ki Ngabèi Wirarêja | dumarojog tindakira | prapta anèng ing pêndhapa | kacarita anakira | Ki Mangunjaya kang nama | Ni Rara Hoyi punika ||
27. sampun mêmêk birainya | dhasar warna yu utama | tan pêgat sadina-dina | dènira ngolah sarira | saya wuwuh ayunira | kang tumingal sami brăngta | sampun kacacak wong priya | tumingal marang ni rara ||
28. sayêkti anandhang brăngta | pamulunira ni rara | pantês salêlewanira | pait kilang èsêmira | kala sêmana sang rêtna | pinuju bathik ni rara | anèng ing pêndhapa jaba |
--- 3: 79 ---
lawan Nyai Wirarêja ||
29. kagèt ningali rawuhnya | Jêng Pangeran Adipatya | Ni Rara Hoyi sêmana | inggal wau kesahira | lumêbèng marang ing wisma | nolèh-nolèh lampahira | sarwi nata gêlungira | Jêng Pangeran Adipatya ||
30. ningali marang bok rara | sangêt kagèt ing wardaya | têrataban galihira | alupa ingkang sarira | mar trênyuh wèsthining ăngga | dangu datanpa ngandika | sangêt ing kasmaranira | Ki Ngabèi Wirarêja ||
31. dupi waspada tingalnya | mring Jêng Pangran Adipatya | lumajêng angraup pada | manêmbah alon turira | kadingarèn gusti karsa | têdhak pantining kawula | jêng pangeran driyanira | maksih sru dènira brăngta ||
1 | Teks asli: Pupuh Sinom. (kembali) |
2 | wontên. (kembali) |
3 | Tanggal: ratu rêsi tata bumi (AJ 1571). Tahun AJ 1571 jatuh antara tanggal Masehi: 15 Januari 1649 sampai dengan 3 Januari 1650. (kembali) |
4 | binantonan. (kembali) |
5 | Tanggal: gajah pitu buta nata (AJ 1578). Tahun AJ 1578 jatuh antara tanggal Masehi: 31 Oktober 1655 sampai dengan 19 Oktober 1656. (kembali) |
6 | ngantosi. (kembali) |
7 | aris. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: mênawa nambut karya. (kembali) |
9 | angrêbat. (kembali) |
10 | lolos. (kembali) |
11 | winadhahan. (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata: dhatêng Ki Citra nulya waluya. (kembali) |
13 | adarbe. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: sami sungkawa dulu sang aji. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: pan kalantur siyang praptèng ratri. (kembali) |
16 | Tanggal: Ratu Malang èsthi buta nyata (AJ 1585). Tahun AJ 1585 jatuh antara tanggal Masehi: 16 Agustus 1662 sampai dengan 4 Agustus 1663. (kembali) |
17 | lumampah. (kembali) |
18 | cinandhak. (kembali) |
19 | Tanggal: kêrti kori angin sasra (AJ 1594). Tahun AJ 1594 jatuh antara tanggal Masehi: 10 Mei 1671 sampai dengan 28 April 1672. (kembali) |