Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 173–189)
1. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 001–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
2. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 013–030). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
3. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 031–043). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
4. | Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 044–052). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
5. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 053–069). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
6. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 070–086). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
7. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 087–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
8. | Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 104–120). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
9. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 121–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
10. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 138–153). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
11. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 154–172). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
12. | Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 173–189). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
13. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 190–206). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
14. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 207–224). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
15. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 225–241). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
16. | Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 242–258). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
173. Dhandhanggula
1. kawarnaa wau sri bupati | siniwaka nèng sanggrahan Payak | pra dipati pêpak kabèh | Radèn Nrangkusumèku | lawan Arya Sidurja nangkil | Ki Dipati Ngurawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidagda | Ki Binarong Mangunonêng jajarnèki | Tumênggung Suranata ||
2. Ki Jangrana lan Martalayèki | pêpak andhèr kang para pratiwa | miwah Amral Hèlduwèlbèh | ngandika sang aprabu | marang Amral mundhut Kumpêni | anaa rong brêgada | arsa ingsun utus | anêlika wong Mêkasar | ingkang muwêr nèng gunung Sapora nênggih | aran Dhaèng Mangrewah ||
3. Busung Mêrnung lan Dhaèng Makincing | ingkang anèng ing gunung Sapora | ingkang ngirida lakune | Jangrana kang sun utus | Pasuruan sun kon nanduri | iya Si Ănggajaya | arana Tumênggung | Ănggajaya Pasuruan | sira Amral Hèlduwèlbèh anjurungi | ing karsa sri narendra ||
4. sri bupati angandika aris | ampirana adhi Cakraningrat | nèng alas Lodhaya gone | konên seba maringsun | Ki Jangrana nêmbah wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lajêng lampahipun | kêlawan sawadyabala | kunêng mangke gêntia ingkang winarni | Dipati [Di...]
--- 3: 238 ---
[...pati] Cakraningrat ||
5. kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas Lodhala[1] | Trunajaya panggawene | kapêrnah pamanipun | mila datan kolu matèni | datansah pinilara | nèng têngah wana gung | sêdyane Ki Trunajaya | ingkang paman matia pinangan dhêmit | anèng alas Lodhaya ||
6. Cakraningrat amiyarsa warti | yèn samangke dènnya mangun yuda | Trunajaya kajodhine | dadya srêp manahipun | nênggih Kangjêng Pangran Dipati | sampun umadêg nata | nèng Payak kêkuwu | angirid wadya Wêlănda | Cakraningrat sêksana adandan aglis | lawan sagarwa putra ||
7. sampun budhal ing samargi-margi | Cakraningrat lan sagarwa putra | rêreyongan ing lampahe | anèng marga kapêthuk | baris agêng lêlampah sami | ciptane Cakraningrat | bala kang lumaku | wadyane Ki Trunajaya | dangu-dangu ningali wadya Kumpêni | dadya srêp galihira ||
8. Ki Jangrana wau aningali | Cakraningrat kapêthuk nèng marga | gupuh têdhak sing kuda ge | kêpanggih sarêng ngrangkul | gya angaras-aras agênti | lajêng asêsalaman | wus tata alungguh | Jangrana alon têmbungnya | jêngandika dhawuhipun sri bupati | ngandikan dhatêng Payak ||
9. Cakraningrat sandika turnèki | kula punika gih arsa budhal | asowan dhatêng sang katong | Jangrana sigra mundhut | kuda ingkang dipun titihi |
--- 3: 239 ---
tuwin sagarwa putra | miwah wadyanipun | kawan dasa kang dhèrèkna | ya ta lajêng ungkur-ungkuran prasami | datan kawarna marga ||
10. sri narendra nèng Payak siniwi | mring punggawa anèng pêsanggrahan | kêsaru wau praptane | Cakraningrat mangayun | sumungkêm ing pada anangis | sang nata angandika | mênênga riningsun | samêngko nagara Sampang | tampanana balia kaya duk lami | dadia duwèkira ||
11. iya yayi sira ing samangkin | lêgakêna ing pakaryanira | sira sun paringi gawe | bujuk Trunajayèku | asebaa marang ing mami | mungguh lakune marga | ngong pasrah sirèku | mapanêmbah Dipati Sampang |[2] dhawuh dalêm pukulun langkung kapundhi | kapêtêk ing mustaka ||
12. abdi dalêm lêbura wor siti | anglampahi ayahan narendra | sêksana gya nêmbah lèngsèr | lajêng ing lampahipun | marang sore gunung wus prapti | lajêng amêsanggrahan | kang warta misuwur | dhumatêng tiyang Madura | Cakraningrat punika gustine lami | karsanira sang nata ||
13. binalèkkên dadya adipati | anèng Sampang marma wong Madura | kathah seba ing gustine | watara sangang atus | wong Madura kang sampun prapti | Tumênggung Mangkuyuda | apan êmbanipun | dhumatêng Ki Trunajaya | sampun seba mring Cakraningrat Dipati | ngandikan marang ngarsa ||
14. Cakraningrat angandika aris | Mangkuyuda [Mang...]
--- 3: 240 ---
[...kuyuda] sira ingsun duta | aturêna layang ingong | marang ing putraningsun | Trunajaya kang anèng wukir | nêmbah Ki Mangkuyuda | munggah marang gunung | kunêng ingkang kawarnaa | Trunajaya anèng sanginggiling wukir | ginubêl mring kang garwa ||
15. sapa kêlar nora nginum warih | iya kongsi patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna riningsun gusti | pirangbara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna amêrtapa | sang dyah ayu wuwuse awor lan tangis | dhuh lae benjang napa ||
16. pa margane bisa nginum warih | ngisor gunung apan pinuguran | wong siji tan kêna mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | datan nganggo boboting urip | pêksa umadêg nata | rat Jawa winêngku | lah mangke kadi punapa | solah dika tan wontên ingkang pinanggih | amungsuh kadang tuwa ||
17. pae dhingin duk bêdhah Mêntawis | dika mungsuh wong liyan bêrayan | samangke jêr mungsuh ipe | ngong duga kakang prabu | yêkti nora kolu matèni | ingsun sanggup matura | marang kakang prabu | ing solah kang kaluputan | ya ta wau kêsaru praptanirèki | Mangkuyuda mangarsa ||
18. apan sarwi ngaturakên tulis | wus tinampan marang Trunajaya | binuka sinukma age | pèngêting salam ingsun | Cakraningrat Sampang Dipati | praptaa marang anak | Trunajayarèku | sawusing [sawu...]
--- 3: 241 ---
[...sing] salamanira | wiyosipun anak sira dèn timbali | mring kangjêng sri narendra ||
19. marang Payak ywa kèh sira pikir | kaluputanira kang kawuntat | yèn nata ana dukane | ingsun ingkang ananggung | dèn pracaya lah sira kaki | sayêkti nora duka | mring sira sang prabu | anak manira alangna | lamun ana dukane sri narapati | titi ponang nuwala ||
20. sawusira manukmèng kintèki | măngsa paman dadak angloropna | wusana lingira alon | dhuh gusti mirah ingsun | payo seba marang sang aji | sang rêtna lêga ing tyas | ya ta budhal sampun | sang dyah lumampah ing ngarsa | praptèng ngandhap lajêng lampahe sang dèwi | sampun nitih wahana ||
21. wong Madura kang sami jajari | tumbak benang wêtara nêmbêlas | tandhu tinèdhèngan cindhe | praptèng ing Payak tundhuk | lawan kangjêng sri narapati | sang dyah kinèn lajênga | malêbèng jro kuwu | kunêng ta Ki Trunajaya | wus apanggih lan Cakraningrat Dipati | prapta gya ngaras pada ||
22. Cakraningrat angandika aris | Trunajaya babo putraningwang | sira sebaa sang katong | bêcik nganggo sirèku | pratandhane kasoran jurit | taklim marang wong tuwa | Mangkuyuda wau | miwah pinituwa Sampang | kinêjepan sêksana tinubruk aglis | anulya dèn pusara ||
23. rinimongan sinjang cindhe wilis | sigra budhal sarêng prapta Payak [Pa...]
--- 3: 242 ---
[...yak] | sang nata pan sampun miyos | siniwi ing wadya gung | baris ngapit sapinggir margi | dene wadya Wêlănda | baris ngurung-urung | Ki Trunajaya tumingal | dadya anglês raose sajroning galih | wus nora ngrasa gêsang ||
24. wusing prapta ngarsane sang aji | Trunajaya lênggah anèng têngah | sagung pra dipati kabèh | nèng kiwa têngên lungguh | angandika sri narapati | bagea Trunajaya | têkamu ngarsèngsun | andhêku Ki Trunajaya | angandika malih kangjêng sri bupati | nèng êndi yang Kajoran ||
25. Trunajaya gya umatur aris | sampun kesah dhatêng sunya sirna | sang nata ngandika alon | jangji ngong sun karuwun | lamun uwis bêdhah Mêntawis | ingsun umadêg nata | ing jaba sirèku | bang-bang lum-alume praja | dhêdhak mêrang nêgara ing tanah Jawi | samêngko tampanana ||
26. sêksènana kabèh wadya mami | ing luware ya punaginingwang | samya saur kukila ge | Trunajaya tumungkul | Suranata alon dènnya ngling | lah anak Trunajaya | tampanana niku | dhawuhipun sri narendra | botên wontên satriya cidra ing jangji | dhêku Ki Trunajaya ||
27. kari siji punagi ngong iki | ing nalika duk ingsun nèng Têgal | kêris Si Bêyabar kiye | sun liga laminipun | nora ingsun sarungkên iki | yèn ora sun sarungna | ing jajanirèku | garjita para dipatya | Trunajaya sinaosakên ing ngarsi [ngar...]
--- 3: 243 ---
[...si] | gya têdhak sri narendra ||
28. gya ginoco jajanira titis | trus walikat Trunajaya niba | kapirsanan ing patine | mangkana êmbanipun | Sêcagora wastanirèki | abela gustinira | sêdyanira ngamuk | lajêng kinêracok kathah | sampun pêjah ngandika sri narapati | tigasên murdanira ||
29. wus tinigas katur ing ngarsa ji | angandika wau sri narendra | iya bocah ingsun kabèh | padha mèlua nyuduk | lawan padha mangana ati | atine Trunajaya | gya tumandang nyuduk | lan atinira rinêbat | wong sawiji panduman saprapat mênir | kuwănda wus wor kisma ||
30. ya ta wau Ki Jangrana prapti | lawan Ănggajaya Pasuruan | sampun katur sêdayane | ing rèhira ingutus | sri narendra ngandika aris | wong loro sira padha | iya kari nyuduk | ing jisime Trunajaya | hèh sirèku pan iya uwong kêkalih | lawan brăngta ngayuda ||
174. Asmaradana
1. sêngkala pêjahirèki | Trunajaya anèng Payak | dwi ilang rasa wanine |[3] sarêng lawan êmbanira | wasta Ki Sêcagora | sukèng tyas marwata sunu | sang nata lan sawadyanya ||
2. angandika sri bupati | lah payo sira nusula | anyuduki ing jisime | Si Trunajaya kang lena | Jangrana Ănggajaya | sigra kalih narik dhuwung | lêmah tilas sinudukan ||
3. lêmahira gya cinulik | nulya
--- 3: 244 ---
kinarya wawêdhak | ya ta jêngkar sang akatong | malêbêt ing pêsanggrahan | êndhase Trunajaya | binêkta pawonganipun | sapraptane pêsanggrahan ||
4. sang nata ngandika aris | hèh bocah wadon sakèhnya | dèn kêlakon dhawuh ingong | yèn padha arêp anendra | kabèh padha kèsèda | Trunajaya êndhasipun | sêdaya matur sandika ||
5. ing dalu kêlakon sami | enjange sagung wanodya | kinèn anutu êndhase | wus sirna dhas Trunajaya | sang nata siniwaka | munggèng ing têtarub agung | aglar sagunging punggawa ||
6. Nrangkusuma karsa mami | pan iya ing dina benjang | manira pan arsa bodhol | têka pêsanggrahan Payak | tindak mring Surabaya | jênêng ngong arsa angujung | mring Jêng Sunan Ngampèldênta ||
7. payo undhangana sami | utawa bala Wêlănda | sira Amral Hèlduwèlbèh | undhangana benjang enjang | manira arsa budhal | marang nêgri Surèngkewuh | sandika Amral turira ||
8. datatita tan kawarni | ing dalu sêmana enjang | sang nata anulya bodhol | karsa dhatêng Surabaya | tan kawarna ing marga | ing Ngampèldênta wus rawuh | lajêng ngujung mring astana ||
9. wusira ngujung sang aji | lajêng dhatêng Surabaya | sang nata lajêng ngêdhaton | anèng nêgri Surabaya | tan măntra mêsanggrahan | ya ta wau sang
--- 3: 245 ---
aprabu | animbali Mangunjaya ||
10. sapraptanira ing ngarsi | sang nata alon ngandika | lumakua ingsun kongkon | maranga ing Giripura | sebaa Panêmbahan | ing Giri manira nyuwun | idi gon sun madêg nata ||
11. amêngku rat nusa Jawi | lan matura panêmbahan | Ki Kalamunyêng ing mangko | ngong suwun pinaringêna | Mangunjaya sandika | nêmbah lèngsèr saking ngayun | lajêng tan kawarnèng marga ||
12. sampun prapta anèng Giri | Mangunjaya tinimbalan | mara Mangunjaya age | sapraptanira ing ngarsa | wau Ki Mangunjaya | alon dènira umatur | pukulun lampah kawula ||
13. dinuta sri narapati | inggih Sang Prabu Mangkurat | nyuwun idin madêg katong | amêngku rat nusa Jawa | lan Giri kang wasiyat | Ki Kalamunyêng kasuwun | Sunan Giri angandika ||
14. yèn iku turun Mêntawis | sun idini madêg nata | jêr uwis duwèke dhewe | kabèh ing rat nusa Jawa | sarta mundhut pusaka | sumăngga pusaka katur | yèn dudu têrah Mêntaram ||
15. ngong tan gêlêm angidini | kêris pinundhut tan suka | Mangunjaya sun têtakon | satêmêne iku sapa | Mangunjaya turira | kula umatur saèstu | tan uninga asalira ||
16. saking pawartos ing jawi | punika putrane Amral | kados ta wontên èmpêre | mênggah ing wartos punika | dene sri naranata | cara Lănda
--- 3: 246 ---
agêmipun | inggih lamun nitih kuda ||
17. ngandika Jêng Sunan Giri | yèn tuturira mangkana | tan arsa ngidini ingong | kêris tan wèh pinundhuta | wis ta sira muliha | Ki Mangunjaya gya mundur | aglise carita prapta ||
18. anèng nêgri Surawèsthi | nulya marêk ngarsa nata | Ki Mangunjaya ature | mring sang nata ngamandaka | pukulun sri narendra | lampah kawula kautus | mundhut idi Sunan Arga ||
19. lulusipun sri bupati | amêngku rat nusa Jawa | lawan mundhut wasiyate | Jêng Sunan Giri dhawuhnya | inggih dhatêng kawula | tan gêlêm ngidini ingsun | kêris pinundhut tan suka ||
20. sang nata sarêng miyarsi | sêkala mêtu runtiknya | mangondar-andir netrane | idêpnya mangada-ada | jaja bang winga-winga | padone lathi kumêdut | asru dènnya angandika ||
21. Nrangkusuma dina iki | undhangêna wadyaningwang | manira pan arsa bodhol | marang Giri lumuruga | mangrurah Giripura | sandika gya nêmbah mundur | sapraptanira ing jaba ||
22. anêmbang têngara nitir | myarsa sagung wadyabala | lajêng samêkta barise | wus pêpak anulya budhal | kawarna lampahira | prapta sangandhaping gunung | Sunan Giri kawarnaa ||
23. sampun amiyarsa warti | ngisor gunung binarisan | wadyane kinumpulake | pangulu kêtib modinnya | miwah kang wadyabala | winatara kalih atus | nêdya sami sabilollah ||
24. tindhih
--- 3: 247 ---
Pangran Singasari | wus sami bêkta gêgaman | warnanên wau sang katong | enjing anêmbang têngara | sumahab wadyabala | ing Giri sampun kinêpung | gêgaman tanpa wilangan ||
25. măncanêgara pasisir | utawi wadya Wêlănda | pan sarêng umangsah kabèh | wadya Giri binêdhilan | nanging tan wontên mêdal | baris pêndhêm karsanipun | muwêr salêbêting dhêkah ||
26. kinarutug dening bêdhil | wong Giri rêmbag mapag prang | pra sêntana guyub kabèh | amuwê[4] kinarya lesan | dadya wong Giri mêdal | winitawis kalih atus | wong Giri angamuk rampak ||
27. wadya pasisir nadhahi | lan wadya măncanêgara | wong Giri rampak tangkêpe | tan kandhêg pangamukira | binendrong ing sênjata | mimisira kadi jawuh | bêdhile wadya Wêlănda ||
28. anusup kukusing bêdhil | wong Giri pangamukira | wong pasisir akèh longe | miwah wong măncanêgara | wus kathah ingkang pêjah | kang para bupati magut | samya ngawaki ayuda ||
29. wontên sêntana ing Giri | nama Radèn Singasêkar | kagila-gila pamuke | wong pasisir bubar-bubar | barise kang sinêrang | langkung duka sang aprabu | angatag wadya Wêlănda ||
30. pira kadare wong Giri | bisa amumbul ngakasa | urugana pati bae | sêdaya sarêng umangsah | Bugis Ambon Mêkasar | Wêlănda sarêng umagut | sarêng lan wadya kanoman [ka...]
--- 3: 248 ---
[...noman] ||
175. Sinom
1. umangsah sawadyanira | sagunge para bupati | wong Giri wus kathah pêjah | linambung ing kanan kering | wadya Sampang nglêboni | marang salêbêting gunung | wong cilik kagegeran | kadya gabah dèn intêri | wadya Giri amawur ing yudanira ||
2. dhukuhira kalêbêtan | wau Jêng Suhunan Giri | kacêkêl lajêng binănda | ya ta Rajèng Singasari | waspada aningali | ingkang paman tinalikung | sigra ambuwang watang | lajêng ngamuk karo kêris | singa ingkang sinêrang bubar sêdaya ||
3. ya ta Pangran Cakraningrat | umangsah angêmbat biring | panggih Radèn Singasêkar | sêksana nêrajang wani | tinumbak bathuknèki | gya aniba lajêng lampus | maksih ngawêt lathinya | darijinira akancing | maksih kukuh dènira gêgêm ukiran ||
4. winêngkang pan ora kêna | Amral gèdhèg aningali | ya ta Jêng Suhunan Ngarga | sinaosakên ngarsa ji | maksih binănda nênggih | sang nata anulya dhawuh | gawenên dèn palastra | Ki Kalamunyêng anuli | gya pinundhut dhumatêng sri naranata ||
5. sang nata anulya budhal | kondur dhatêng Surawèsthi | lajêng malêbèng sanggrahan | awêtara têlung ari | dhawuh undhang sang aji | budhal dhatêng Surèngkewuh | wau Ki Mangunjaya | ing mangke jinunjung linggih | sinung nama Pangeran Sêtyanêgara ||
6. enjing atêngara budhal |
--- 3: 249 ---
kasukan samargi-margi | sang nata sawadyabala | suka sagunge wadya lit | sêdaya pra dipati | apan sarêng budhalipun | mangku gêgamanira | dinulu kêlangkung asri | tan winarna lampahira anèng marga ||
7. sampun prapta Garobogan | karsa anjog ing Sêmawis | kunêng mangke kawarnaa | Buyut Laweyan winarni | lan anakira nami | Martanaya kalanipun | sang nata saking Têgal | nitih palwa nèng jêladri | karsanira tindak mring nêgri Jêpara ||
8. Ki Laweyan lan anaknya | atur sêgah lan sang aji | akathah tur-aturira | durèn kapundhung lan manggis | pijêtan lan kuwèni | nanas năngka jambu timun | sang nata duk kasatan | Martanaya suguhnèki | gya dhinahar sang nata kêlangkung nikmat ||
9. dadya sang nata ngandika | besuk ngong mênawa bali | iya saking tanah wetan | sira amapaga mami | ngantia ingong bali | wis sira muliha iku | mêngko sira karia | aja mèlu marang mami | pan samangke Martanaya amiyarsa ||
10. sang nata unggul ing yuda | badhe rawuh ing Mêntawis | sêksana Ki Martanaya | dandan mêthuk sri bupati | kêlawan bapaknèki | Ki Laweyan milya mêthuk | wuwusên sri narendra | ing Sêmarang sampun prapti | ya ta lajêng makuwon sri naranata ||
11. duk sêmana siniwaka | pêpak sagung pra dipati | miwah Amral anèng ngarsa | Ki Martanaya [Mar...]
--- 3: 250 ---
[...tanaya] mangarsi | lajêng amanganjali | anyaosakên sêsuguh | sang nata angandika | bagea Martanayèki | matur nuwun pangèstu dalêm sang nata ||
12. sang nata malih ngandika | Laweyan anakirèki | Si Martanaya tămpaa | saiki ganjaran mami | ingsun arsa naur sih | samêngko ngong junjung lungguh | iki bumi Sêmarang | kaduwe anakirèki | lan jênênga Ki Răngga Yudanagara ||
13. Ki Laweyan sujud nulya | mukanya konjêm ing siti | misuwur dhawuh narendra | Martanaya ing samangkin | ingêlih ingkang nami | Dêmang Yudanagarèku | lênggah tanah Sêmarang | wau kangjêng sri bupati | angandika marang sagung pra punggawa ||
14. lah ing ngêndi kang prayoga | bumi kang sun kêdhatoni | Mangunonêng matur nêmbah | pukulun sri narapati | bok pinujwèng panggalih | ngêdhatona sang aprabu | tanah Tingkir prayoga | angandika sri bupati | Mangunonêng ingsun apan ora arsa ||
15. umatur Ki Wiradigda | pukulun bilih marêngi | ing Logêndèr ngêdhatona | punika langkung prayogi | arata siti wêdhi | pantês dadosa kêdhatun | sang nata datan arsa | Ki Urawan awotsari | Wanakarta prayogi kinarya kitha ||
16. ajêmbar ingkang polatan | rata rêsik siti pasir | lan cêlak kêdhaton Pajang | ulun amiyarsa warti | wirayatipun nguni | duk nalika swarginipun | eyang dalêm Pangeran | Pêkik [Pê...]
--- 3: 251 ---
[...kik] kala dèn timbali | anênêpi wontên ing Butuh astana ||
17. lajêng asare dêdagan | wontên suwara dumêling | hèh ta Pêkik wruhanira | ragas kulon Pajang benjing | Wanakarta puniki | apan ta dadi kêdhatun | ratune putunira | yèn uwis bêdhah Mêntawis | duk miyarsa sang nata kêlangkung suka ||
18. kapanujon aturira | Ki Urawan mring sang aji | sang nata alon ngandika | dhumatêng rêkyana patih | Nrangkusuma Dipati | sira umangkata gupuh | alas ing Wanakarta | iku babadana nuli | ya rekanên patute kêdhaton ingwang ||
19. radèn patih awotsêkar | sigra lèngsèr saking ngarsi | saha wadyabala kuswa | tan winarna anèng margi | mung tigang dalu prapti | ing Wanakarta puniku | kang wana binabadan | wus padhang rineka nuli | pura nata balowarti sitibêntar ||
20. alun-alun pagêlaran | gatra-gatraning nêgari | warnanên sri naranata | budhal saking ing Sêmawis | sawadyakuswanya sri | bala gung swara gumuruh | ing ênu tan winarna | Wanakarta sampun prapti | ya ta lajêng ngêdhaton sri naranata ||
21. kang praja sinungan nama | Kartasura Diningrati | duk kala ngêdhatonira | Ruwah tanggalira kaping | pitu ing taun Alip | Rêbo Pon ing arinipun | mantri sirna kwayang rat |[5] sêngkalane tanah Jawi | rêbut sênêng lir ngambara awania ||
22. ya ta wau sri narendra | sêmana karsa nimbali | kang rayi Sunan Ngalaga [Nga...]
--- 3: 252 ---
[...laga] | kang ngêdhaton Plèrèn[6] nênggih | mangkat dutaning aji | kunêng dutane sang prabu | mangke gênti kocapa | nênggih nêgari Mêntawis | Jêng Suhunan Ngalaga sêdhêng sineba ||
23. dene sagung pra punggawa | andhèr munggèng păncaniti | kang munggèng ngarsa narendra | Arya Măndhalika Patih | Natakusuma ngarsi | sagung pratiwa nung-anung | ngabèi dêmang răngga | pandêlêgan tăndhamoi | pêcattăndha pangalasan kandhuruan ||
24. Tumênggung Gajahpramada | răngga pitulas nèng ngarsi | Angabèi Tanpanaha | Kalang miwah Jagapati | Arya Tambakbayèki | lan Arya Surajayèku | matur Ki Măndhalika | saha nêmbah ing sang aji | gusti ulun atur uningèng paduka ||
25. rakanta umadêg nata | Trunajaya wus kajodhi | yuda lan raka paduka | wadya sabrang warni-warni | nanging satêngah warti | sutaning Amral satuhu | bok inggih mindha-mindha | atmajanipun Kumpêni | dhatêng raka paduka amrih suyuda ||
26. gusti tiyang tanah Jawa | sang nata ngandika aris | iku dutaning kakang mas | paran ta yêktinirèki | Măndhalika turnya ris | gusti ing wêtawis ulun | kados ta yèn dedea | pangangge cara Kumpêni | solah bawa inggih kados tiyang kopar ||
27. siyang dalu datan pisah | kêlawan tiyang Kumpêni | saking wêtawis kawula | èstune rakanta gusti | dene ta abdi-abdi | ing kadipatèn sêdarum | maksih kumpul sêdaya |
--- 3: 253 ---
tan wontên pisah satunggil | sami ngabdi Sri Narendra Kartasura ||
28. dadya èmêng driyanira | Sunan Ngalaga Sang Aji | wusana alon ngandika | hèh sakèhe wadya mami | padha dèn ngati-ati | aja ta sira katungkul | mênawa ta Si Amral | pêksa ngakahi rat Jawi | iya măngsa wurunga abăndayuda ||
29. nadyan ta silih kakang mas | yèn tan mrih mulwèng rat Jawi | wong kapir dèn têkakêna | angakahi ing rat Jawi | rêruba ing wong cilik | iya padha pinrih suyud | marang ing uwong sabrang | yèn mangkono karsanèki | kakang êmas ing saolèh-olèh ingwang ||
30. nyabili abăndayuda | duk dhingin kangmas dipati | timbalane arsa tindak | marang Mêkah munggah khaji | mêngkone ta sakiki | jêbule Wêlănda utun | Măndhalika awasna | dèn pramana kang sayêkti | aja salang surup kinanthi pawarta ||
176. Kinanthi
1. aja nganti salang surup | yèn dudu kakang mas yêkti | pêsthi ngong angantêp yuda | sêdhênge rêraup gêtih | kono gon ingsun tumpêsan | lagyeca imbalan angling ||
2. pan kasaru duta rawuh | dumarojog ing ngarsa ji | sarwi amundhi nuwala | tinampan sri narapati | binuka sinukmèng driya | têmbunge ponang kintèki ||
3. ukara salam dongèngsun | Sinuhun Mangkurat Jawi | Senapati ing Ngalaga | Ngabulrohmani Sayidin | Panêtêg Panatagama | tumêkaa marang yayi ||
4. dhimas [dhi...]
--- 3: 254 ---
[...mas] Pugêr kang pilungguh | ana nêgara Mêntawis | sinêmbah Sunan Ngalaga | Palèrèd dèn kêdhatoni | lire wuse donganingwang | ngong paring wruh mring sirèki ||
5. prakara mungsuhirèku | ingkang ngrusak ing Mêntawis | Si Trunajaya wus pêjah | wadyane tumpêsan yayi | dene samêngko manira | ngêdhaton ana ing bumi ||
6. Wanakarta karsaningsun | iku kang sun karya puri | sirenggal nuli praptaa | ingsun bangêt kangên mami | manira mring jênêng para | titi panukmaning tulis ||
7. angandika sang aprabu | hèh duta muliha dhingin | sun pikir sapungkurira | duta nêmbah lèngsèr mijil | lajêng wau lampahira | sigêgên duta nêrpati ||
8. kawarnaa sang aprabu | maksih siniwakèng dasih | ngandika sri naranata | kaya apa kabèh sami | mungguh ing pirêmbugira | sun tari prakara iki ||
9. Ki Măndhalika umatur | dhuh gusti sri narapati | tan eca manah kawula | guna-gunaning Kumpêni | karya tingkah ngamandaka | pinindha rakamta gusti ||
10. Pangran Natakusumèku | manêmbah saha wotsari | prayogi paduka sowan | mokal lamun kardi-kardi | pasisir măncanêgara | sêdaya suyud sumiwi ||
11. yèn dede raka pukulun | măngsa puruna sumiwi | sumambung Ki Măndhalika | mênggahing pamanggih mami | punika pan botên eca | dene awarni Walandi ||
12. dene măncanêgarèku | utawi wadya pasisir | pramila suyud [suyu...]
--- 3: 255 ---
[...d] punika | margi kasoran ing jurit | Kumpêni sagêd miguna | tan eca dipun lambani ||
13. angandika Sang Aprabu | Natakusuma sun tuding | têlikanên ingkang nyata | lan Si Natabrata iki | kang minăngka kanthinira | kang sinung ling awotsari ||
14. lèngsèr saking ngarsa sampun | sawadyanira lumaris | kunêng dutanya sang nata | Kartasura sampun prapti | lajêng marêk ngarsa nata | manêmbah saha wotsari ||
15. pukulun kawula sampun | umarêk arinta aji | dhumatêng nêgri Mêntaram | unjukipun rinta gusti | mangke dèrèng arsa sowan | sêmang ing tyas sănggarunggi ||
16. timbalannya rinta prabu | kawula kinèn rumiyin | ginalih sapêngkêr amba | warnanên dutanirèki | kang Sinuwun ing Ngalaga | Pangran Natakusumèki ||
17. lan Natabrata puniku | Kartasura sampun prapti | sri narendra duk sineba | andhèr wadya kang sumiwi | ingkang wontên ngarsa nata | Radèn Anrangkusumèki ||
18. tuwin para prawira nung | sêdaya para bupati | Radèn Arya Sidurêja | Urawan Wiradigdèki | Mangunonêng jajarira | Nrangkusuma awotsari ||
19. ulun tur uning pukulun | wontên duta rinta aji | Pangeran Natakusuma | têkap arsa manganjali | sang nata alon ngandika | timbalana ngarsa mami ||
20. duta nata ngandikan wus | tumraping ngarsa magipih | amanêmbah ing suku sang | duta nata manganjali [manganja...]
--- 3: 256 ---
[...li] | sampun lênggah anèng ngarsa | sumungkêm lir konjêm siti ||
21. Pangran Natakusumèku | manêmbah aturira ris | ulun dinuta ri nata | Sunan Ngalaga Mêntawis | nyaoskên sêmbah sungkêmnya | kunjuk ing pada nêrpati ||
22. marmanta ari pukulun | tan gya tumrap ing ngarsa ji | de myarsa paduka nata | sutaning Amral sayêkti | yèn wus èstu padukendra | ingkang jumênêng nêrpati ||
23. rinta nata gya tumundhuk | ngarsa prabu manganjali | amanêmbah ing suku sang | sri narendra ngandika ris | iya bênêr adhi êmas | gone prayitna ing wèsthi ||
24. bok pakarya anyalimur | mindha-mindha karsa sandi | Pangeran Natakusuma | alon ngandikanya aris | lah ta adhi Natabrata | wis sira muliha aglis ||
25. munjuka marang sang prabu | ingkang madêg nata yêkti | kang raka Pangran Dipatya | Anom ing nêgri Mêntawis | manêmbah Dyan Natabrata | lèngsèr saking ngarsa aji ||
26. lajêng wau lampahipun | datan winurcitèng margi | Jêng Sinuwun ing Ngalaga | Mêntaram lagya siniwi | sagunge para pratiwa | nung-anung aglar ing ngarsi ||
27. kang munggèng ngarsa sang prabu | Măndhalika Kyana Patih | sang nata alon ngandika | Măndhalika paran iki | kêlamun nyata kakang mas | ingkang jumênêng nêrpati ||
28. Măndhalika nêmbah matur | pukulun gusti sang aji | sênadyan inggih èstua | rakamta kang madêg aji | mênawi parêng ing
--- 3: 257 ---
karsa | ulun sangêt anggendholi ||
29. jêng paduka arsa tundhuk | sabab duk ramanta nguni | rakanta sangêt sulaya | mila bêdhahing Mêntawis | gih saking raka paduka | kang karya witing prakawis ||
30. mangke gusti têmahipun | angait wadya Kumpêni | dèrèng dumugi ngandika | kêsaru wau kang prapti | Natabrata gya mangarsa | amêcah kaluwak aglis ||
177. Pocung
1. Radèn Natabrata gya tumamèng ngayun | manêmbah suku sang | manguswa lêbu nêrpati | wus pinasthi karsanira Hyang Suksmana ||
2. Radèn Natabrata aturnya mring prabu | têmah ngamandaka | gawe-gawe matur silib | dhuh pukulun kawula sampun lumampah ||
3. karya nata amêspadakna satuhu | dhatêng Kartasura | anêlik rakanta aji | kintên ulun saèstu sutanya Amral ||
4. pan sakêdhik èmpêrnya lan raka prabu | abdi sri narendra | Natakusuma tan apti | umantuka lajêng rêmên asuwita ||
5. dhatêng nata sutaning Amral puniku | awit sinasobya | pinulut gung kang pêparing | ingkang saking sutaning Amral puniku |[7]|
6. sang narendra dupi amiyarsa atur | ribêng ing wardaya | pangunadikaning galih | yèn dudua kang madêg nata kakang mas ||
7. măngsa dadak Si Natakusuma iku | gêlêma suwita | mulane ta iku kari | saking nyata kang ngêdhaton Wanakarta ||
8. kakang êmas iku kang jumênêng
--- 3: 258 ---
ratu | kêlamun dudua | mokal yèn gêlêma ngabdi | ya ta matur Adipati Măndhalika ||
9. kadospundi ing mangke karsa pukulun | punapa tundhuka | dhatêng sutaning Kumpêni | yèn paduka andhahar atur kawula ||
10. langkung nistha jêng paduka karsa tundhuk | dèrèng sor ing yuda | pukulun sri narapati | sampun madêg narendra nagri Mêntaram ||
11. dhasar sampun ingidin ramanta prabu | ingkang sampun swarga | amêngku rat nungsa Jawi | jumênênga wontên nêgari Mêntaram ||
12. têmah mangke sang nata karsa angunthul | sumiwi narendra | inggih sutane Kumpêni | tiyang sabrang punika ingkang nênêka ||
13. botên labêt angadoni jayèng ripu | nistha langkung nistha | sirna taliti Mêntawis | inggih ingkang amêngku rat nungsa Jawa ||
14. sintên gusti sinêmbah abdi sêdarum | jêng paduka nata | ngêlungsur dados tyang alit | botên wande yèn abdi paduka Jawa ||
15. pan kinarya maesa panganggêpipun | dhumatêng Wêlănda | dinamêl sakapti-kapti | jêr turune narendra nagri Mêntaram ||
16. sampun sirna ngêlungsur dados tyang dhusun | punapa raosnya | panggalih paduka gusti | wus dadya ji têmah dados tiyang rucah ||
17. duk miyarsa sri narendra aturipun | Patih Măndhalika | umadêg suraning galih | angandika dhumatêng para punggawa ||
18. kayaparan pra bupati ing rêmbugmu | miwah pra pratiwa | nung-anung
--- 3: 259 ---
miwah prajurit | sami nêmbah gumulung ing aturira ||
19. ulun dhèrèk pukulun ing unjukipun | abdi padukendra | Măndhalika Kyana Patih | abdi nata lumados têmpuhing yuda ||
20. nanggulèng prang inggih amangrurah satru | kang don Wanakarta | wong sabrang pêksa dadya ji | amêngku rat ing nungsa Jawa sêdaya ||
21. ingkang abdi upama mundur ing ripu | sanyari kewala | sinosoga saking wuri | ganjur biring cinacah sawalang-walang ||
22. Măndhalika anangis sarwi umatur | benjang gusti kula | inggih yèn sampun ngêmasi | balung kula kadamêl sawat ing mêngsah ||
23. daging ulun kinaryaa obatipun | gusti rambut kula | kadamêla naling bêdhil | binêdhilna inggih dhatêng mungsuh sura ||
24. ing samangke kula gusti sampun sêpuh | yèn Wêlănda mênang | arêtu rat nungsa Jawi | duk ing nguni ulun miyarsa wirayat ||
25. pan winalik ing nungsa Jawi pukulun | pramila kawula | anyênyuwun siyang ratri | mugi tuwan angsala pangèstuning Hyang ||
26. lamun gusti tulusa jumênêng ratu | mêngku nungsa Jawa | mawi bala tiyang kapir | mugi ulun gusti sampun awèt gêsang ||
27. luhung ulun nuntêna tumêkèng lampus | nglampahi ayahan | sang nata sarêng miyarsi | lir jinait raose ingkang wardaya ||
28. madêg sura wusana ngandika asru | lah payo undhanga | siyaga kêprabon jurit |
--- 3: 260 ---
sarupane kabèh wadyabalaningwang ||
29. ingsun mangsah ing ayuda besuk esuk | kunêng kawarnaa | kang sadhiya ing ajurit | winurcita Jêng Sunan Prabu Mangkurat ||
30. tigang wulan sang nata ing laminipun | dènnya angêdhatyan | anèng Kartasura nagri | duk sêmana mêgatruh ing dina Soma ||
178. Mêgatruh
1. siniwaka sang nata dening wadya gung | pêpak sagung pra dipati | lawan para pratiwa nung | Radèn Nrangkusuma nangkil | manêmbah umatur alon ||
2. ulun unjuk uninga paduka prabu | kawula miyarsa warti | ari paduka Sinuwun | Ngalaga Natèng Mêntawis | ing samangke dandos-dandos ||
3. inggih arsa tumanggah ngandoni ripu | amêrêp paduka aji | saèstu tan arsa tundhuk | sampun umadêg kang baris | sang nata ngandika alon ||
4. yèn mangkono mungguh pawartamu iku | nora kayaa ri mami | gugu ature wong gêmblung | baya ta uwis pinêsthi | ing karsanira Hyang Manon ||
5. apa uwis mangsane lali sadulur | Nrangkusuma karsa mami | ngong tumindak dhewe iku | angundhangana prajurit | dèn samêkta ing palugon ||
6. lan Si Amral sakumpênine ywa kantun | tuwin wadya ngong pasisir | măncanêgara ywa kantun | yaiku wadya Kumpêni | pangane wèhana wuwoh ||
7. bêras iwak bêrambang bawang sing kaduk | jêngkar ngêdhaton [ngê...]
--- 3: 261 ---
[...dhaton] sang aji | ya ta wau kang winuwus | sagunge para dipati | kang myarsa dhawuh sang katong ||
8. miwah Amral Hèlduwèlbèh sami ngrungu | timbalanira sang aji | lajêng ingundhangan wau | mring Nrangkusuma Dipati | kaptin lopèrès Mayor |[8]|
9. litnan sami inggar tyasira sêdarum | datan kawarna ing ratri | ya ta kawarnaa esuk | têngara bêndhe lan bèri | gumêrah sagunging uwong ||
10. wadyabala tata baris ngalun-alun | gêgaman awarni-warni | kadya mêndhung angêndhanu | surêm hyang pratănggapati | kasoran arêbut sorot ||
11. lan busananing kang para pratiwa nung | tuwin busanèng Kumpêni | sêdaya mangangge wulung | lir mêndhung gumandhul langit | mèh tibane ingkang jawoh ||
12. tinêngêran budhal kang baris pênganjur | Jangrana ing Surawèsthi | sisih lawan kadangipun | Surawan Ănggajayèki | asri gêgaman yèn tinon ||
13. bandera bang aciri rewănda pingul | bul-umbul daludag asri | rontègnya abang sêdarum | prajurit ing Surawèsthi | sêmunya atanggon-tanggon ||
14. bupatine nèng têngah panggonanipun | nitih kuda dèn payungi | magêrsari grêbêg pungkur | ingkang sumambung ing wuri | Mangunonêng lan Binarong ||
15. gêgamannya asami têngêranipun | bandera bul-umbul kuning | aciri dirada pingul | nèng têngah bupati kalih | nitih turăngga sinongsong ||
--- 3: 262 ---
16. kang sumambung ing wuri bupatinipun | Suranata jajarnèki | Sidurja têngêranipun | ijo ciri buta putih | akathah yèn winiraos ||
17. nulya wadya Kumpêni sumambung pungkur | tambure salomprèt muni | asri swaraning dêlanggung | têlase wadya Kumpêni | anuntên wau sang katong ||
18. upacara anèng kanan kering prabu | ing ngarsa wadya prajurit | nitih turăngga sang prabu | rêspati asongsong kuning | têlase wadya sang katong ||
19. Kyana Patih Anrangkusuma sumambung | lan sagung para bupati | sawadya sarta pêpayung | sajuru-juru nèng margi | lamun sinawang saking doh ||
20. ingkang payung lir pêksi krêndha akumpul | umbul-umbul dèn tingali | kadi kaluwung lêlaku | bandera lir obar-abir | swarane janma gumuruh |[9]|
21. awor lawan pangrike turăngga barung | lir ombak anêmpuh curi | nalika măngsa kapitu | untabe wadya lumaris | lir wêrdu ăngga sasra wor ||
22. lampahira sagunge wadya pangayun | ing Karècèk sampun prapti | sang nata prapta dêlanggung | lajêng makuwon sang aji | sawadya Kumpêni awor ||
23. sami tata pakuwon anèng Dêlanggu | miwah ta rêkyana patih | tuwin bupati sêdarum | anèng Dêlanggu amrêgil | angapit-apit sang katong ||
24. dene wadya ingkang manganjuri laku | Mangkuyuda kang nindhihi | lan sagung para tumênggung | pasisir măncanêgari [măncanêga...]
--- 3: 263 ---
[...ri] | ginêlak lampahnya anjog ||
25. anèng Pokal Mangkuyuda sampun rawuh | lan sagung wadya pasisir | măncanêgara sêdarum | nulya sami tata baris | nèng ngriku sami makuwon ||
26. sri narendra gya budhal saking Dêlanggu | tan pisah wadya Kumpêni | Dipati Nrangkusumèku | anèng wurine sang aji | sampun prapta ing Malinjon ||
27. anèng ngriku sang nata lajêng kêkuwu | tan pisah wadya Kumpêni | sagunging wong dhusun-dhusun | gègèr bubar sami ngili | bêkta anak tuwin bojo ||
28. ana ngili marang alas gunung-gunung | lan raja darbèke sami | giris mulat baris agung | wênèh ngili nèng nêgari | ingkang sugih anak rêpot ||
29. ingkang wadon ngêmban anak lagi nusu | sapihane dipun indhit | kang lanang anak pinanggul | binopong ingkang sawiji | kêkalih ingkang ginendhong ||
30. bêrasira anèng ing kisa pinikul | sarwi linayanan angkring | wontên siji janma sêpuh | kuru duwe lara mêngi | mangan madat datan towong ||
31. kagèt gugup praptane kang baris agung | lumayu marang wanadri | pêkakas sêdaya kantun | pêtagihanira prapti | gêloso mundur tan enjoh ||
179. Durma
1. kawarnaa Sang Aprabu ing Ngalaga | enjing miyos siniwi | andhèr pra prawira | nung-anung munggèng ngarsa | Arya Măndhalika nangkil | Gajahpramada | Tumênggung
--- 3: 264 ---
Jagapati ||
2. Arya Surajaya lawan Tambakbaya | munggèng ngarsa sang aji | Dêmang Kalang seba | lawan Ngabèi Jênar | Panji Banco anèng ngarsi | Răngga Pitêrah | Nilaprabăngsa nangkil ||
3. sira Arya Măndhalika atur sêmbah | pukulun mêngsah prapti | arsa mangruraha | ngrabasèng praja nata | panganjure ingkang baris | nèng Parambanan | langkung agêng kang baris ||
4. sri narendra nèng Malinjon mêsanggrahan | sampun atata baris | ya ta duk miyarsa | sang nata sru ngandika | payo undhangêna aglis | wadya Mêntaram | sun arsa mapag jurit ||
5. Măndhalika apa gêlaring ayuda | aprang lawan Kumpêni | beda lan Madura | matur Ki Măndhalika | yèn parêng paduka aji | gih pinartiga | amrih kiwuling jurit ||
6. jêng paduka gusti ingkang dados dhadha | kanan ulun nadhahi | ing kering punika | inggih Gajahpramada | sigra têngara ngajurit | wadya kumêrab | gumêr gumuruh atri ||
7. pra prawira nung-anung sampun siyaga | tunggul têngêran asri | sami amêlatar | gêgaman warna-warna | saingga layung nèng langit | bandera abra | bul-umbul daludag sri ||
8. bêndhe munya budhal sagunging gêgaman | anglir prawata gêni | panganjuring yuda | Ki Arya Măndhalika | Gajahpramada nindhihi | Surănggakara | lawan sagung prajurit ||
9. sri narendra têdhak anitih turăngga |
--- 3: 265 ---
aran pun komasaris | abrit ulêsira | rinêngga busana bra | wadya kêparak mêrapit | grêbêg sang nata | munggèng ing kanan kering ||
10. sri narendra busananya abra mubyar | baju baludru wilis | binalênggi ing mas | sinuji tinatirah | tinarètès manik warih | cindhe puspita | lancingan panji-panji ||
11. apaningsêt têsbèh sêrate rinêngga | dhêstar genjong kinitir | mubyar tali abra | mancur akêthap-kêthap | ujwalanya angênèni | asêrawungan | dhasar warnane pêkik ||
12. datan măntra lamun janma madyapada | lir Nabi Yusup swargi | apan sri narendra | lagya yuswa tri dasa | layak pamujwèng apsari | sêdhêng mong sura | pasêmon wêngit manis ||
13. pan kinubêng ing magêrsari akapang | satus wong numbak putih | acêlana jênar | abajo têratean | gumêrgut tandange baris | pangulunira | lumajêng marêk ngarsi ||
14. adhuh gusti kawula tumut ayuda | sang nata ngandika ris | hèh pangulu aja | karia tunggu pura | besuk lamun ngantêp jurit | sira mèlua | nèng alun-alun benjing ||
15. kawarnaa lampahira sri narendra | wus prapta kali Anjir | wadya Kartasura | kang baris Pêrambanan | dènnya mapag anèng Taji | cucuking yuda | kapranggul kali bêning ||
16. wong Kalagan tandangira kadi yêksa | mulat ing mungsuh prapti | sami ngangah-angah | sigra sarêng nêrajang | wong
--- 3: 266 ---
Kartasura nadhahi | têmpuhing yuda | rame bêdhil-bidhil |[10]|
17. sigra Arya Măndhalika tur uninga | mring gusti sri bupati | yèn wadya Mêntaram | sampun campuh ing yuda | angandika sri bupati | hèh ta adhi mas | Panular dipun aglis ||
18. anggonana yaiku pacaraningwang | sira sun gawe wakil | nganggo têngran ingwang | sun adhi marang ngarsa | umomor arsa udani | tandange mêngsah | sang nata gya umèksi ||
19. gya mangarsa sampun prapta Pêrambanan | wadya sami udani | yèn sri naranata | prapta tan mawi bala | wadya gung anêmpuh jurit | wadya Kalagan | tan ana ngeman pati ||
20. tinadhahan ing ganjur kêlawan watang | pêngkuh wadya Mêntawis | nusup yudanira | gègèr wong Kartasura | malêdug bubar angisis | dhadhal sangsaran | angêmbul marang Taji ||
21. wong Kalagan wus angancik Pêrambanan | angrampit marang Taji | sampun tinadhahan | Tumênggung Mangkuyuda | sêksana ngangsahkên baris | lan Natayuda | angawaki ing jurit ||
22. dyan umangsah Mangkuyuda Natayuda | saha bala mangukih | prapta wong Mêntaram | nung-anung samya mangsah | supênuh wadya ing wuri | wong Kartasura | Mangkuyuda nadhahi ||
23. pra prawira Kalagan sarêng mangrampak | anuduk angakahi | tan angeman pêjah | andulu mungsuh sura | lir andulu rara sunthi | dulu tikswara | angrangap sarta lungid ||
--- 3: 267 ---
24. lir andulu kênya munggèng jroning tilam | Arya Măndhalika glis | angêtap turăngga | mangarsa sumbar-sumbar | pantèn mundura sirèki | sapa ranira | maksih anom sirèki ||
25. anauri Ki Tumênggung Mangkuyuda | rêbutên ing jurit |[11] ingsun Mangkuyuda | gumuyu Măndhalika | hèh ragane sira iki | sasêngkan anyar | anak wong dhudhuk gangsir ||
26. ing samêngko mangsane pèthèk amijah | usume kali banjir | kèh sasêngkan anyar | turune wong anyantrang | ya padha dadi bupati | mulane iya | akèh wong lali gusti ||
27. ingsun eman lah payo sira mundura | bok punukmu nulari | kêlangkung bramatya | Mangkuyuda anumbak | tumèmbêl baune kêni | Ki Măndhalika | gumuyu sarwi angling ||
28. bocah Kêdhu sira iku têka pugal | sun walês sira mati | pantèn lumayua | Amralmu parènèkna | Mangkuyuda nolih wuri | wadyanya gêmpang | sigra ngingêr turanggi ||
29. wus sinabêt turăngga nututi bala | dyan ingêlud tumuli | marang wong Kalagan | tan ana tumanggaha | kèndêl Tangkisan abaris | wadya Kalagan | kèndêl anèng ing Taji ||
30. Ki Tumênggung Mangkuyuda tur uninga | marang sri narapati | Jêng Sunan Mangkurat | wadya Kalagan prapta | prasami wuru ing jurit | angangah-angah | tan wontên nolih wuri ||
180. Pangkur
1. sri narendra duk sineba | nèng pakuwon dening para
--- 3: 268 ---
prajurit | angandika sang prabu |[12] nyata si adhi êmas | lali bangêt iya marang jênêng ingsun | Ki Tumênggung Sidurêja | manêmbah aturira ris ||
2. têkaping ngabyantarendra | duk ayuda pun Mangkuyuda gusti | wontên satriya nom bagus | kados rayi paduka | kang sun pinta marang Suksmana Kang Agung | si adhi muga elinga | besuk satêngahing jurit ||
3. sakabèhe wadyaningwang | yèn adhi mas wus katon ing ajurit | padha piyakna dèn gupuh | maranga wuriningwang | ana ngêndi mêngko dhimas ênggonipun | Nrangkusuma matur nêmbah | ing Kêmalon dènnya baris ||
4. kunêng enjing kawarnaa | Sri Narendra Ngalaga ing Mêntawis | namur wadya barisipun | momor Ki Măndhalika | kang nèng Taji sêmana alon umatur | wau Arya Măndhalika | gusti kundura mring puri ||
5. nadyan gusti ayudaa | yèn wadyanta wus tumpês ing ajurit | ngantêp prang nèng alun-alun | ngandika sri narendra | ingsun arsa uninga solah tingkahmu | manira anglugas raga | kêprabon ingsun nêrpati ||
6. ingong purih ngênggonana | marang adhi Arya Panular iki | ya dadia wakil ingsun | kêsaru gègèr ngarsa | baris agêng saking Kartasura rawuh | miwah kang wadya Wêlănda | ya ta wadya ing Mêntawis ||
7. wadya gung kamangkuratan | ambêlabar lir robing jalanidhi | wadya Kumpêni lir mêndhung | miwah măncanêgara | kang pangawatgadan Sidurja Tumênggung | kering
--- 3: 269 ---
Dipati Urawan | Nrangkusuma anèng wuri ||
8. têngara bèri wurahan | bêndhe tambur barung kêlawan suling | swarane umung gumuruh | lir ombak nêmpuh parang | wong pasisir ngungkung Kodhokngorèkipun | gêgaman abra asinang | lir pendah prawata gêni ||
9. ya ta Sang Prabu Mangkurat | wus angrasuk ngagêm cara Kumpêni | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | têbah jaja alêlungsir ing mas tatur | mojah sinuji toya mas | pan asri kinitir-kitir ||
10. abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawur ing rêtna di | bramaksa ujwala murub | arja kuluk jangkangan | tinatrapan ing mas jingga ing karuwus | yèn tinon saking kadohan | lir gurnadur angêjawi ||
11. anyuriga pêdhang usar | anggarira binrayut ing mas adi | têbah jaja tali rukuk | rinantèn ing mas jingga | sinêlanan ing mas kumala di murub | sang prabu lênggah ing dhampar | kucêm sagung ingkang nangkil ||
12. kungkulan ujwalèng nata | lir purnama têmpuh lawan hyang rawi | sri narendra ngandika sru | lah payo budhalêna | kayaparan wartane wadya Mêntarum | Arya Sidurja manêmbah | abdi dalêm kang pangarsi ||
13. sampun campuh ing ayuda | langkung rame gusti bêdhil-binêdhil | mundhut turăngga sang prabu | sumaos ing ngayunan | kêkambile cinara Walănda murub | sêdaya sinuji rêtna | rinumpaka ing mas [ma...]
--- 3: 270 ---
[...s] adi ||
14. sampun anitih turăngga | budhal saking pêsanggrahan nêrpati | swarane wadya gumuruh | pan kadya calapita | cucuking prang agênti buru-binuru | tandange wadya Kalagan | kadi buta măngsa daging ||
15. wadya Bagêlèn wus adat | yèn apêrang wani katêmu wuri | yèn uga bêcik kang ngadu | kadya Bugis Mêkasar | Bugis Jawa wong Bagêlèn tuwin Kêdhu | yèn prayoga tindhihira | wani gêlut lan Kumpêni ||
16. Tumênggung Gajahpramada | mingêr ngiwa balanira dèn irid | ing Karapyak kang jinujug | anjog ing Ngantinika | Arya Măndhalika ing pangiridipun | anurut gunung mangetan | Pamutihan kang dèn jogi ||
17. dene ingkang dadya dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang dèn pangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya ingkang munggèng ngayun | sêsabête pêbarisan | Arya Panular nindhihi ||
18. rame campuhing ayuda | wong Kalagan tan ana ngeman pati | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumêrah wong Bagêlèn surakipun | campuh prang ulêng-ulêngan | wong Kalagan ambêg pati ||
19. Jêng Sinuhun ing Ngalaga | amiranti anèng wurining baris | ya ta wau kang prang pupuh | pêngkuh wong Kartasura | wong Kalagan ngamuk kadi banthèng tatu | kang tinêmpuh bubar-bubar | tan ana kang măngga pulih ||
20. mawur
--- 3: 271 ---
wadya Kartasura | sirna larut angungsi marang wuri | Arya Măndhalika nêmpuh | saking kidul sumahab | Ki Tumênggung Jangrana ingkang tinêmpuh | anadhahi Măndhalika | lawan Arya Sidurjèki ||
21. arame têmpuhing yuda | Măndhalika angamuk ambêk pati | nêmpuh saha wadyanipun | swara kadi ampuhan | Ki Tumênggung Gajahpramada anglambung | saking kilèn saha wadya | Ki Urawan kang nadhahi ||
22. wau Ki Tumênggung Dêmak | Suranata sigra wau tinuding | têtulung Urawan gupuh | angiwa sabalanya | wong Kalagan apêngkuh pangamukipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata kang nadhahi ||
23. wadya lit êlong-linongan | Ki Tumênggung Gajahpramada nênggih | akuwat pangamukipun | anggolong sabalanya | pra sêntana sêdaya sarêng angamuk | Ki Tumênggung Suranata | wadyanira akèh mati ||
24. rame prang ulêng-ulêngan | silih watang sawênèh gênti kêris | pêdhang-pinêdhang atarung | ana sêbrak-sinêbrak | ana gêlut sawênèh jagur-jinagur | ana kang jambak-jinambak | udrêg abanting-binanting ||
25. swarane wadya kêbranan | ting jalêrit asambat kaki nini | bapak aku jaluk tulung | gon ingsun ngaji jaya | ngapirani ana sambat rabi sunu | wadya Kalagan karoban | ngurugan dening pêpati ||
26. ing wuri saya gung prapta | angêbyuki marang wadya Mêntawis | anapung saya gung
--- 3: 272 ---
rawuh | Kudus Pathi Jêpara | lan wong Rêmbang Lasêm umangsah têtulung | prawira Gajahpramada | dipun urugi pêpati ||
27. Tumênggung Gajahpramada | karepotan wadyane akèh mati | wantu wong karoban mungsuh | salah pangamukira | ki tumênggung sinosok ing lêmbing busur | apan wus karsaning Suksma | ki tumênggung nandhang kanin ||
28. kêna mimis kalataka | wêntisira Gajahpramada kanin | sêmana tiba alungguh | wau Gajahpramada | ya ta wontên sêntanane ki tumênggung | awasta Ki Rănggajaya | ingkang paman dèn tangisi ||
29. awêtara kalih dasa | sêntanane kang datan kêna têbih | Ki Rănggajaya umatur | paman lah pinaraka | sun titihkên turăngga suwawi mundur | ki tumênggung datan arsa | mundur satêngahing jurit ||
181. Durma
1. inguculan ki tumênggung bêntingira | cindhe puspita wilis | tatu ingambênan | alon dènira mojar | Rănggajaya anak mami | sun amit pêjah | aturna sêmbah mami ||
2. marang Kangjêng Susuhunan ing Ngalaga | anangis dalêm ati | nênêdha ing Suksma | gustiku sri narendra | mugi ana kang nulungi | lanang ayuda | tulusa madêg aji ||
3. abdi dalêm gusti mangke amit pêjah | dados botên mênangi | kawula wus sêpah | tuwuk tampi kêkucah | rama paduka sang aji | momong sang nata | mangke tan ngantya lami ||
4. pra sêntana miyarsa nangis sêdaya [sê...]
--- 3: 273 ---
[...daya] | prasami anggendholi | ngajak lumayua | wadya wus têlas pêjah | Gajahpramada Dipati | pamuwusira | padha muliha sami ||
5. ingsun uwis pinêsthi dèning Hyang Suksma | mungsuhnya akèh prapti | saking kering kanan | ambêdhil datan kêna | wusira ngambêni kanin | anitih kuda | ngêmbat watangirèki ||
6. mangsah ngrana sarwi anyamêthi kuda | pêksa kiwul ing jurit | lir detya mêmăngsa | mangukih pangamuknya | binendrong kinrutug bêdhil | kering myang kanan | sinosog busur lêmbing ||
7. wong sawiji lah sapira kuwatira | nadyan balunga wêsi | kulita têmbaga | asungsuma gêgala | pêsthi rêmpu sarirèki | Gajahpramada | pan sampun angêmasi ||
8. sêntanane kathah ingkang sami bela | lumayu ingkang urip | dhadhal barisira | angêmbul ngungsi dhadha | Arya Măndhalika maksih | mangamuk sura | ingurugan pêpati ||
9. Ki Tumênggung Dêmak ngingêr barisira | marang kanan nulungi | myang wadya Jêpara | wong Lasêm lan Juwana | prasami têtulung jurit | kang baris kanan | gumrah swaraning jurit ||
10. Ki Dipati Cakraningrat tulung ing prang | nadhahi ing ajurit | Arya Măndhalika | dèn urugi pêpêjah | maksih kiwul ing ajurit | dhomas wadyanya | sami ngamuk mangukih ||
11. ramening prang asor duk prang Trunajaya | wong Mêntaram prang lali | Arya Măndhalika | rêmpêg pangamukira [panga...]
--- 3: 274 ---
[...mukira] | tan wontên purun nadhahi | gêmpang suh sirna | wong Kalagan lir bêlis ||
12. sumbar-sumbar sira Arya Măndhalika | rêbutên ing ajurit | iki Măndhalika | kêthote wong Mêntaram | ingkang momong sri bupati | Natèng Ngalaga | lah payo wong pasisir ||
13. baya iki usume dhorang amijah | mangsane kali banjir | kèh sasêngkan anyar | kumaruk payung bawat | mulane lali mring gusti | wijil wong nyantrang | mêngko dadi bupati ||
14. Suranata turune wong bêdhog ayam | nora wêruh ing bêcik | apa cacadira | Gusti Sunan Ngalaga | mring sira wus gawe bêcik | Si Dêmak edan | badhog tai Kumpêni ||
15. sakêlangkung bramatya Ki Suranata | ngêmbat watang kumitir | lawan sawadyanya | Ki Arya Măndhalika | tan gumingsir anadhahi | campuhing yuda | kapanggih padha wani ||
16. wadya Dêmak kadya banthèng katriwandhan | sagung wadya pasisir | samya ngangah-angah | surambêk mrih jayèng prang | dene mêntas amatèni | Gajahpramada | milanya bèr kuwanin ||
17. Măndhalika prayoga ngangsahkên bala | tandange golong pipis | cinorok tan kêna | saking ramening yuda | prasami wuru ing jurit | Ki Măndhalika | tandange lir rasêksi ||
18. ramening prang tambuh mungsuh lawan rowang | rame rok silih-ukih | agêbang-ginêbang | sami watang-winatang |
--- 3: 275 ---
sèlèh watang gênti kêris | dugang-dinugang | ulêng bithi-binithi ||
19. tan kuciwa wong Dêmak lan Măndhalika | udrêg bithi-binithi | ajambak-jinambak | banting-binanting samya | tumbak putung ting carêngkling | kadya ru-ara | sambate wadya kanin ||
20. wong pasisir sampun kathah ingkang pêjah | Kumpêni anulungi | Arya Măndhalika | binendrong ing sênjata | kados bajo angêjawi | Ki Măndhalika | wadyanira kèh mati ||
21. kang katrajang kapalipis saking wuntat | Măndhalika prajurit | kadya saradula | galak amăngsa janma | sinosok busur lan lêmbing | ganjur gudebag | tan ana kang nêdhasi ||
22. pan kasaput ing dalu kala sêmana | mundur makuwon sami | Arya Măndhalika | langkung ngungun miyarsa | Gajahpramada ngêmasi | katur sang nata | sangêt rudityèng galih ||
23. kawarnaa Kangjêng Suhunan Mangkurat | kinubêng ing prajurit | kang wadya bêlabar | pirang pandêlêng sinang | miwah prajurit Kumpêni | samya gêgubah | lan sang nata tan têbih ||
24. pra dipati sêdaya sami ngandikan | marang ngarsa sang aji | wus pêpak sêdaya | sagung para dipatya | Anrangkusuma wotsari | matur sang nata | yèn dipati ngêmasi ||
25. ing ayuda tunggul wadyanira rusak | pamuknya tyang Mêntawis | kalangkung sudira | sagung wadya Kalagan | sang nata ngandika aris | dhuh yayi êmas | wignya ngadu prajurit [praju...]
--- 3: 276 ---
[...rit] ||
26. mêngkonoa tarunge wadya Mêntaram | duk prang Madura nguni | pêsthi nora bêdhah | dening wadya Madura | wadya Mêkasar pamaning | măngsa bangkata | ambêdhah ing Mêntawis ||
27. kawarnaa kang gêgubah ing Tangkisan | gantya winuwus malih | Sang Prabu Ngalaga | kang anèng Parambanan | ginubêl kang para mantri | sarwi ngaturan | mundur dhatêng Mêntawis ||
28. sira Arya Măndhalika aturira | adhuh gusti sang aji | suwawi kondura | sanadyan ngantêp yuda | ing alun-alun lèr benjing | sri naranata | nurut aturing dasih ||
29. dadya budhal sang nata saha balanya | ingkang tinilar baris | anèng Pêrambanan | Răngga Wiradipura | kêkalih lan kănca mantri | Ki Pulangjiwa | dadya kawal ing jurit ||
30. sri narendra prapta salêbêting kutha | nèng alun-alun baris | Arya Măndhalika | têtungguling ayuda | Pangran Panular wusdening | tuwin kang paman | Pangran Pamênang wèni ||
182. Sinom
1. punika ingkang pêputra | Pangeran Pamênang nênggih | Pangran Silarong ing kina | dadya paman pêrnahnèki | kêlawan sri bupati | Sunan Ngalaga Mêntarum | kunêng kang baris praja | kawarnaa sri bupati | Amangkurat budhal saking pêsanggrahan ||
2. gumuruh kang wadyabala | kang dadya panganjur baris | Jangrana ing Surabaya | Surănggakara pasisir | Pêrambanan kang baris | katêrajang bubar
--- 3: 277 ---
larut | tan ana ingkang nglawan | lajêng lampahirèng baris | kali Anjir lampahira sampun prapta ||
3. sang nata saha wadyanya | tanapi wadya Kumpêni | sawêngi lêrêp Jarakan | enjing budhal sri bupati | tinata ingkang baris | de wus parêk lawan mungsuh | panganjure wus mêdal | lajêng anata prajurit | sami lèrèh ajêngan sawang-sinawang ||
4. wong Kêlagan barisira | amêlatar amiranti | nanging tan ana kang mêdal | anèng alun-alun baris | samya ngantêp ing jurit | wadya pasisir sêdarum | akapang akalangan | ing Karandhon dènnya baris | pan anganti parentahira sang nata ||
5. sagunge para dipatya | ya ta wau sri bupati | sampun ingaturan wikan | yèn ingkang rayi sang aji | mêmpên ing jro nêgari | baris anèng alun-alun | Sang Aprabu Mangkurat | tinata sagunging baris | pangawake kering kanan miwah dhadha ||
6. sampun sami asiyaga | sagunge para prajurit | kêndhang gong bèri wurahan | tambur wor swaraning suling | kunêng wuwusên malih | Sunan Ngalaga Sang Prabu | sampun anata bala | tunggulira sri bupati | gula klapa banderanira sang nata ||
7. lêlayu tinêngêr samya | kang nyêkêl banderanèki | apan sampun sinalinan | milih ingkang para mantri | kang prakosa tur wani | kang ngampil banderanipun | mariyêm gêng ngisenan | nênggih [nêng...]
--- 3: 278 ---
[...gih] Kyai Guntur Gêni | kang jagani bupati ingkang pinatah ||
8. nulya têngara tinêmbang | bêndhe bèri tinitir |[13] ki pangulu barisira | kumpul lawan kêtib modin | angadhêp sri bupati | panêdyanira sêdarum | matia sabilollah | ayuda kalawan kapir | wong Kalagan Kodhokngorèknya tinêmbang ||
9. anèng sitinggil gènira | ya ta wau kang winarni | wadyabala Kartasura | umangsah kang anèng kering | kanan dhadha ngêbyuki | wong Kalagan kang tumangguh | kang baris anèng pasar | sampun panggih kang ajurit | Măndhalika rame campuhing ayuda ||
10. angamuk sabalanira | anglir detya andon daging | wadyabala Kartasura | pasisir kathah kang prapti | Măndhalika nadhahi | Surajaya rewangipun | tuwin para pratiwa | nung-anung prameya mantri | myang prajurit sadaya sarêng umangsah ||
11. swaraning sênjata munya | lir pendah guntur ing wukir | sagung wadya ing Mêntaram | sampun anampèni wangsit | piyak nganan angering | sêksana sinumêd sampun | Guntur Gêni subrastha | Ki Pamêcut dèn sumêdi | sarêng muni kadi rêbah kang akasa ||
12. tumpês sirna suh sêdaya | wadya ingkang kapangarsi | wadyabala Kartasura | kathah longe kang ngêmasi | mangkana sri bupati | Kumpêni ingatag gupuh | umangsah ing ayuda | Tuwan Amral angabani | tambur muni gumrudug sanjatanira ||
13. kadi mêcahêna
--- 3: 279 ---
karna | gagap gugup anggagapi | Kumpêni sigra sinipat | mariyêm kathah kang muni | Kumpêni kathah mati | wong pasisir mawut-mawut | dhadhal gusis wus sirna | tan ana kang măngga pulih | Sang Prabu Mangkurat nindhihi yuda |[14]|
14. anyandhak Kiyai Bicak | tinabuh tinitir-titir | swara ngangkang nèng awiyat | kadya mêcahêna kuping | sagung wadya pasisir | sêdaya sami angrungu | swaranira Ki Bicak | angungkung anèng ing langit | madêg sura kadya jangkrik kinilenan ||
15. sagunge para dipatya | umangsah tan ngeman pati | miwah wong măncanêgara | ingkang ajrih têmah wani | wadya Kalagan sami | tan ana kang ngeman lampus | tangkêp malih kang yuda | kunarpa susun atindhih | bêdhil muni mimisira kadi udan ||
16. wadyabala ing Kalagan | ing yuda karoban tandhing | wus akathah ingkang pêjah | Măndhalika ngamuk jurit | pangulu kêtib modin | mêrbot sarêng sami ngamuk | binendrong ing sênjata | Kumpêni bêdhilirèki | kathah pêjah wadyabala ing Mêntaram ||
17. Măndhalika langkung sura | para bupati ngêbyuki | sinosog ganjur gudebag | sêrampang utawi lêmbing | nanging datan nêdhasi | Măndhalika langkung têguh | upama yèn pasaha | pêsthi nora dadi takir | praptèng têkdir Ki Măndhalika palastra ||
18. nanging kulite tan pasah | rêmuk bêbalungirèki | ngalumpruk kinrubut [kinru...]
--- 3: 280 ---
[...but] kathah | ya ta wau sri bupati | dipun aturi uning | Arya Măndhalika lampus | kalangkung dukanira | jaja bang mawinga wêngis | wêdana bang andik kang netra ngantirah ||
19. karsa ngawaki ngayuda | sêkarine kang ngêmasi | wadyabala ing Mêntaram | garêbêg sri narapati | wau ta sri bupati | sêksana anyandhak gupuh | Kyai Plèrèd ingasta | dèn êmbat tininggil-tinggil | arsa mangsah ngayuda sri naranata ||
20. wadyabala sarêng mangsah | manêngah bêg surèng jurit | Surajaya Tambakbaya | Kalang Bocor mangsah sami | tuwin kang para mantri | kotbuta sarêng umagut | dene ta gustinira | anindhihi ing ajurit | sagung wadya kamangkuratan umangsah ||
21. anadhahi wong Mêntaram | sampun ngamuk golong pipis | singa katrajang tumpêsan | sagunge para bupati | awas dènnya ningali | ingkang ngawaki ing ripu | Suhunan ing Ngalaga | lumayu para bupati | samya bubar lumayu ngungsi wurinya ||
22. ing Gusti Sunan Mangkurat | Sidurêja matur aris | punika ari narendra | angawaki ing ajurit | ambêg sudirèng wèsthi | kang para dipati mawur | kagyat sri naranata | wusana ngandika aris | dèn akêbat bocah padha apiyaka ||
23. hèh ta Amral dipun inggal | anaa ing wuri mami | mênawa si adhi prapta | Ki Urawan matur aris | paduka sri bupati | racuta rasukanipun | mênawi ri narendra | ningali sang nata
--- 3: 281 ---
pangling | inggih gusti ing têmah dados punapa ||
24. wau kawula uninga | rayi dalêm sri bupati | Ki Palèrèd kang dèn asta | umèsêm sri narapati | Urawan aturnèki | sang nata sigra angracut | rasukan karpusira | ya ta wau sri bupati | ing Ngalaga pangamuke sampun pêrak ||
25. sêmana kagyat tumingal | ingkang dèn songsongi kuning | saking têbih ngulap-ulap | nyata kang raka sayêkti | têdhak saking turanggi | apan sarwi awotsantun | sujud sumungkêm kisma | sigra nitih kuda malih | dèn ingêrkên sinabêt ponang turăngga ||
26. lampahe turăngga ngêmprang | wus dhadhal barisirèki | jêngkar Jêng Sunan Ngalaga | saking kutha ing Mêntawis | sagung wadya Mêntawis | sêdaya sami tut pungkur | nututi sri narendra | ingkang sinêdya ing galih | mring Bagêlèn ingkang arsa jinujuga ||
27. tan pisah sawadyanira | sagunge wadya Mêntawis | solahe asalang-tunjang | lampahe samargi-margi | lumuh pisah sang aji | sang nata ing lampahipun | rangu-rangu nèng marga | kang cinipta ing panggalih | dene yêkti kang raka sri naranata ||
28. langkung pangunguning driya | kaduwung solahing nguni | dhahar tur angamandaka | kayaparan solah mami | lamun sebaa mami | marang kangmas sang aprabu | bangêt isin manira | yèn tulus mungsuhan mami | pêsthi kalah pan kari kèh wadyaningwang ||
29. paran ta ing rèh manira |
--- 3: 282 ---
têmah putêg ing panggalih | nèng marga kèndêl sang nata | sawadya tan ana kèri | ngandika mring kang rayi | Pangeran Panular arum | adhi mas kayaparan | parentah ta solah mami | dene nyata kakang mas kang madêg nata ||
30. dora kang asung pawarta | iya sutane Kumpêni | Pangran Pamênang lon turnya | anak prabu yèn suwawi | kula miyarsa warti | wontên tiyang madêg ratu | inggih tanah Salinga | prawira guna yêkti |[15] kathah tyang sami suyud andhandhanggula ||
183. Dhandhanggula
1. yèn pinarêng paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | lamun ngêntasi kewuh | sanggup milya karya nrêpati | ya ta sagung punggawa | ariyêg ing atur | aturnya Pangran Pamênang | yèn suwawi ingayon rakanta aji | inggih sapisan êngkas ||
2. budhal saking Bagêlèn kang baris | wadyabala umiring sêdaya | marang Salinga jujuge | sigêgên kang winuwus | ya ta ingkang kocapa malih | gêmpalane carita | sira Raja Namrud | kang umadêg ing Salinga | wong têngahing lêdhok prasami angabdi | inganggêp raja-raja ||
3. Raja Namrud amiyarsa warti | lamun nata kasoran ngayuda | arsa angungsi dhèwèke | apêpak barisipun | kang têngêran bul-umbul wuri | kathahe winitara | kang suyud mring Namrud | gêgaman rongèwu ana | arsa [ar...]
--- 3: 283 ---
[...sa] mêthuk Sang Prabu Ngalaga nênggih | warnanên kang lumampah ||
4. sampun prapta Salinga sang aji | Raja Namrud amêthuk sang nata | wus tundhuk ngabyantara ge | gya uluk salam gupuh | Raja Namrud angrangkul gipih | dhuh sutanipun bapa | anggèr wong abagus | Wong Agung Bancèrbêlarat | mung sawiji cacade kasoran jurit | dhuh nyawa eman-eman ||
5. angungsia pun bapa rumiyin | enggal lamining wus mênang yuda | mung kari mangkru-mangkruke[16] | sarwi enak cêcathut | kula nguni tulung ajurit | amungsuh lan Wêlănda | têmpuhipun ripu | ngong êmpok kewala minggat | ya ta wau wus sami tata alinggih | anèng kêdhatonira ||
6. kawarnaa kang anèng Mêntawis | nênggih Kangjêng Suhunan Mangkurat | kang baris kutha Palèrèt | kang agung kapirangu | dahat onêng rinta nêrpati | wus pêpak ingkang wadya | kinèn ngungsir wau | mring Jêng Sunan ing Ngalaga | awasêna ing lolose ari mami | kang dhinawuhan mentar ||
7. wadya ingkang dinuta sang aji | Kyai Tumênggung Wirawidagda | Mangkuyuda lan arine | wêtara tigang èwu | wadyabala ingkang tut wuri | anrapakên arahan | wong desa kang nungkul | abaris anèng Parapag | nênggih bumi Bagêlèn kang dèn barisi | wuwusên sri narendra ||
8. sampun budhal saking ing Mêntawis | tan winarna [wi...]
--- 3: 284 ---
[...narna] lampahirèng marga | wus prapta Kartasurane | sang nata angêdhatun | sangêt trênyuh raosing galih | tikbra ing ari nata | adhuh ariningsun | Dipati Pugêr yayi mas | lali têmên sira marang jênêng mami | yèn awèt mangkenea ||
9. pêsthi awèt rusake kang bumi | yèn adhi mas sulaya lan ingwang | tan enak jênêng ngong rajèng | ya ta carakanipun | ingkang tugur Parapag prapti | tur uningèng narendra | yèn ari sang prabu | Nata Ngalaga wus pêrnah | ing Salinga gènipun umadêg baris | Namrud bêbotohira ||
10. tan winarna wau Sri Bupati | Kartasura wau kawuwusa | Sri Bupati Ngalagane | nèng Salinga kêkuwu | Raja Namrud ingkang nanggupi | bêdhahing Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | sêntana sanak misan ||
11. pan ingajak umagut ing jurit | nênggih tansah sinăngga ing krama | datanpa wêkas sanggupe | têmah kaku tyasipun | Natèng Nglaga dèn sêmayani | dene Pangran Pamênang | sangêt aturipun | dhuh anak prabu dèn sabar | sabudine pun Namrud dipun turuti | sagêda dados rewang ||
12. Natèng Nglaga wus gêla kang galih | sigra budhal lan sabalanira | marang Bagêlèn karsane | sang nata akêkuwu | lajêng dènnya apacak baris | Ki Arya Tambakbaya [Tambakba...]
--- 3: 285 ---
[...ya] | kang kinarya wau | senapatine ngayuda | lan kang ari Ki Arya Surajayèki | miwah Surănggakara ||
13. wong Bagêlèn kathah ingkang prapti | sami bêkta sagêgamanira | pan sampun dadi barise | sigra budhal sang prabu | ingkang baris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura tan wikan | yèn linanggar arame campuhing jurit | wong Kartasura dhadhal ||
14. panyanane sang nata nindhihi | Kangjêng Sunan Ngalaga umangsah | rêbut dhucung pêlayune | wadya Bagêlèn anglud | saparane dipun tut wuri | wus prapta ing Mêntaram | maksih dèn bêburu | dêdamêl ing Kartasura | sigra mandhêg prasami apacak baris | wau Sunan Ngalaga ||
15. nèng Mêntaram samadya sasi |[17] wong Mêntaram kathah ingkang prapta | kinêrig sadêdamêle | Pangran Panular wau | kang kinarya cucuking baris | tan pisah lan kang raka | saparane tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng ing Salinga baris | milya Namrud Narendra ||
16. apan arsa jinunjung nêrpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | mila anut barang rèhe | warnanên Sang Prabu |[18] ing Ngalaga budhal tumuli | saking nêgri Mêntaram | pan arsa umagut | mangrurah ing Kartasura | baris agêng măngka panganjuring jurit | Ki Arya Surajaya ||
17. ingkang raka Ki Tambakbayèki | wus ginêbag ingkang anèng Pokak | dhadhal muwur [mu...]
--- 3: 286 ---
[...wur] bubar kabèh | wadya Bagêlèn anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | ingusir saparannya | prapta ing Dêlanggu | sampun lumêbêt nêgara | dêdamêle ing Kartasura wus mijil | anèng jawining kitha ||
18. Natèng Nglaga lan sagung prajurit | pan angêpung nêgri Kartasura | gênti kang winuwus mangke | Prabu Mangkurat wau | dina Soma miyos tinangkil | pêpak kang wadyakuswa | nèng ngarsa supênuh | ing alun-alun bêlabar | pra dipati pêpkakan[19] sêdaya sami | munggèng ngarsa naredra ||
19. pra dipati nung-anung sumiwi | pra upêsir munggèng kering kanan | miwah Amral Hèlduwèlbèh | Radèn Nrangkusumèku | anèng ngabyantara nêrpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun tur priksa | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ing mangke ngêpung kitha ||
20. sagung wontên pakuwon rinta ji | panganjare[20] pan sampun anglanjak | wontên Piji tyang Bagêlèn | samya sura nung-anung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | payo kabèh undhangana | apan ingsun arsa nindaki pribadi | amapag ing yayi mas ||
21. sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe bèri tinitir angangkang | gong bèri amung swarane | tamburira gumrudug | asiyaga para dipati | miwah mayor kapitan | asiyaga sampun | sang nata ngrasuk busana | wus samêta[21] sagunge para dipati | sigra
--- 3: 287 ---
têngara budhal ||
22. swaranira lir ombak jêladri | măngsa pitu amanêmpuh para | abra sinang busanane | kadi prawata santun | asrining kang para prajurit | Kumpêni lêlumbungan | tambure dharudhut | Ambon Bugis lan Mêkasar | pra dipati pasisir măncanêgara |[22] pangawat kering kanan ||
23. wong Kartasura lumampah wuri | sri narendra wau lampahira | praptèng Jambu sawadyane | ayun-ayunan pupuh | sigra mangsah sagung prajurit | wadyabala Kalagan | golong dènnya ngamuk | apan kadi singa lodra | kadya banthèng watan kanin ambêk pati | angukih katadhahan ||
24. wadya Surabaya kang nadhahi | campuhing prang pan sami sudira | wong Kalagan pangamuke | pinapag buah anggur | tuwin mimis sanjata alit | mriyêm bêdhil lir gêlap | swarane gumrudug | Kumpêni sanjatanira | datan anggop barungan kang bêdhil muni | anglir karêngèng miyat ||
25. pêtêng dhêdhêt satêngahing jurit | dening kukusing mriyêm sinapan | saya sura ing yudane | wadya Kalagan ngamuk | wadyabala pasisir sami | saking kering mangrunjang | măncanêgarèku | anglambung saking ing kanan | wong Kalagan panggah kukuhing ajurit | wadya măncanêgara ||
26. myang pasisir bubar larut ngisis | dipun êlun mring wadya Mêntaram | ngungsi ngarsane gustine | ya ta wau sang prabu | arsa mangsah ngawaki jurit | Ki Bicak gya tinêmbang | swarane [swara...]
--- 3: 288 ---
[...ne] angungkung | angangkang nèng madya gantang | sigra mangsah sri naranata anuli | wadya ing Kartasura ||
27. prit anêba gêlaring ajurit | wadya Kumpêni kang dadya dhadha | pasisir kanan keringe | mangsah têmpuh rok caruk | têtupêsan[23] kang wadya alit | Jêng Sunan ing Ngalaga | kèngsêr yudanipun | dene karoban ing lawan | aprasasat kalèn anêmpuh jêladri | kalèn wadya Kalagan ||
28. undurira tan pisah lan abdi | anèng Kuwêl tata pêsanggrahan | lajêng apacak barise | wadya Kalagan sampun | asiyaga sikêp ing jurit | kawarnaa Sang Nata | Amangkurat sampun | nimbali Kyai Urawan | tan ing dalu sami sayah ing ajurit | mundur ing kuwunira ||
29. sri narendra wus makuwon nênggih | wadyabala sami pamondhokan | Urawan prapta ngarsa ge | ngandika sang aprabu | hèh Urawan ta karsa mami | sirèku lumakua | iya ingsun utus | angipuka yayi êmas | sira aja anggawa batur sawiji | busanamu ngrobèta ||
30. Ki Urawan nêmbah awotsari | lèngsèr saking ing ngarsa narendra | saman[24] prapta pakuwone | ngrucat busananipun | têtambalan busananèki | wau Kyai Urawan | cara santri kluthuk | lajêng wau lampahira | sirêp janma anèng ing Koripan prapti | asangêt nandhang brăngta ||
184. Asmaradana
1. dalu wayah sirêp janmi | sira Dipati Urawan | anênêdha
--- 3: 289 ---
ing Hyang Manon | muga ta ginampangêna | ing karsa sri narendra | Amangkurat Sang Aprabu | Kangjêng Sunan ing Ngalaga ||
2. galih ya eling sayêkti | marang kang raka atuta | andhahara atur ingong | ciptane pinêngkul pana | pitêkur pinggir jurang | kalih dintên kalih dalu | ing ratri nendra supêna ||
3. jêng sunan sumare Têgil | katingal sajroning nendra | pinarak anèng kêdhaton | Ki Urawan dupi pirsa | lajêng nungkêmi pada | Ki Urawan sarwi muwun | sang prabu alon ngandika ||
4. hèh Sêndhi lakunirèki | sesuk sira katêmua | lawan gustimu dèn age | raharja ing lakunira | kêlakon sasêdyanta | Ki Urawan kagèt wungu | katongton supênanira ||
5. sêdalu amêrêm mêlik | ajrih bok ta kawuningan | mring ki patih sayêktine | Tambakbaya têmahira | ambêbancang ing lampah | dèrèng panggih sang aprabu | pinatèn anèng ing jaba ||
6. pêsthi ingaranan têlik | măngsa kênaa sêsambat | dèrèng katur ing gustine | Jêng Sunan Prabu Ngalaga | dadya Kyai Urawan | amêrêm mêlik sêdalu | kunêng dalu sampun enjang ||
7. Ki Urawan marêpêki | momor pêkathik sinêdya | kapasang yogya lakune | kapanggih pakathikira | Jêng Sinuwun Ngalaga | pinuju angarit rumput | tinanya Kyai Urawan ||
8. kiyai dika wong pundi | lawan sintên kang sinambat | punapa sinêdya mangke |
--- 3: 290 ---
nauri Kyai Urawan | inggih wasta kawula | aran anak Kyai Jêndhul | kula gamêl Tambakbayan ||
9. kula wingi dèn gitiki | anggèn kula ngarit kirang | ki patih sangêt dukane | kula arsa angungsia | tumut dhatêng andika | wontên ing lêbêt puniku | amrih sampun kawuningan ||
10. upami kula nèng jawi | kapirsan Ki Tambakbaya | yêkti pinêjahan ingong | kula minta wêlas dika | ngumpêtkên ing kawula | pêkathik jro sarêng ngrungu | lir tinêrês kang wardaya ||
11. asangêt wêlasirèki | wusana pamuwusira | lah iya lamun mêngkono | andika mèlu kawula | ya ta lajêng umangkat | Kiyai Urawan wau | lajêng kinèn bêkta dhêdhak ||
12. pêsanggrahan sampun prapti | warnanên sri naranata | Sunan ing Ngalaga miyos | mirsani ingkang turăngga | ya ta Kyai Urawan | sarêng dulu sang aprabu | lumajêng nungkêmi pada ||
13. sumungkêm lara anangis | tangise kadi wanodya | alara-lara sambate | dhuh bêndara gustiningwang | ulun panggih sang nata | kadi ngimpi dasihipun | wau Jêng Sunan Ngalaga ||
14. andulu dhatêng Ki Sêndhi | karaos sri naranata | panggalihira sumêdhot | kèngêtan marang kang raka | alon dènnya ngandika | bageya Sêndhi praptamu | pamulane sira prapta ||
15. mênênga aja anangis | lah payo sira tutura | kang dadi pêrlune gawe | sira pisah lan kakang [ka...]
--- 3: 291 ---
[...kang] mas | Urawan matur nêmbah | apan maksih sênggruk-sênggruk | adhuh gusti sri narendra ||
16. ulun pêjahana gusti | paduka lamun maksiha | suwala lawan sang katong | rakanta sri naranata | Sang Prabu Kartasura | sabên dintên aprang pupuh | punapa ingkang rinêbat ||
17. kêlamun paduka gusti | tan angeman risakira | wadya alit sêdayane | ewon-ewon kang pêjah prang | wit nglampahi ayahan | sintên kecalan puniku | tan sanès paduka nata ||
18. gusti ingkang kaping kalih | kapirsa liyaning praja | kêlangkung sangêt nisthane | rêbat praja lawan kadang | lamun paduka karsa | inggih jumênênga ratu | amêngku rat nungsa Jawa ||
19. kasuwuna ing Hyang Widi | sampun awit margi nistha | gusti kang kaping kalihe | mintaa mring raka nata | nyuwuna lilahira | kados rakanta sang prabu | lair batinipun rila ||
20. Ki Urawan dènnya nangis | asangêt nèng ngarsa nata | sangêt dènnya gêro-gêro | dhuh dhuh gusti sri narendra | dhaharên tur kawula | yèn paduka sang aprabu | tan andhahar atur kula ||
21. ulun pêjahana gusti | kawula tan sagêd miyat | mangkana wau sang katong | amiyarsa aturira | nênggih Kyai Urawan | tyasing nata lir pinuluh | sang prabu anênggak waspa ||
22. wusana ngandika aris | ingsun ora pisan-pisan | nêdya mungsuh rêbut kraton | iya [i...]
--- 3: 292 ---
[...ya] kêlawan kakang mas | marma ngong mapag yuda | ingkang madêg ratu iku | misuwur anake Amral ||
23. pêksa mêngku ing rat Jawi | marmane duk kala aprang | ingsun dulu matakapèn | nalika lukar busana | ya kaya kakang êmas | tyas ingsun durung têrtamtu | bok ta iya kakang êmas ||
24. ginawa marang Kumpêni | mrih suyud wong tanah Jawa | dene kang umadêg katong | pan iya anake Amral | pan ingsun wus pratignya | ajura dèn kumur-kumur | angrêbut rat nungsa Jawa ||
25. Ki Urawan matur aris | pukulun sri naranata | paduka dipun pitados | saèstu raka paduka | ingkang jumênêng nata | nèng Kartasura puniku | ulun botên munjuk dora ||
26. sang nata ngandika aris | yèn mangkono tuturira | ingsun nurut sira mêngko | sun seba marang kakang mas | lah wis sira muliha | ingsun nungkak sapungkurmu | ngong seba marang kakang mas ||
27. Ki Urawan matur aris | sang nata mugi dutaa | asowan rakanta katong | ulun sarêng padukendra | dhatêng ing Kartasura | nadyan pêjahana ulun | sang nata kang nguntapêna ||
28. sri narendra gya nimbali | Kalêng tan adangu prapta | anèng ngarsane sang katong | Kalêng sira ingsun duta | marang ing Kartasura | saosêna layang ingsun | marang kangmas sri narendra ||
29. Dêmang Kalêng sampun tampi | nuwala saking sang nata | sêksana nêmbah gya
--- 3: 293 ---
lèngsèr | lajêng wau lampahira | kang ngiring mung sêdasa | numpak turăngga sêdarum | tan winarna anèng marga ||
30. Kartasura sampun prapti | enjing nuju sri narendra | miyos sewaka sang katong | andhèr ingkang wadyabala | Ki Dêmang Kalêng prapta | Nrangkusuma kang jinujug | lajêng katur sri narendra ||
31. dutanya ri paduka ji | prapta nyaoskên nuwala | sigra pinundhut surate | sigra katur sri narendra | wong apa kang dinuta | manêmbah sarwi umatur | kawula mantri pamêdal ||
185. Mijil
1. dyan binuka patêmbayèng tulis | katur sêmbah ingong | rinta Nata Prabu Ngalagane | kunjuk raka kangjêng sri bupati | ingkang madêg aji | kutharja winangun ||
2. ulun nyaosakên pati urip | ing padanta katong | awit amba asangêt lêpate | kumapurun kumawani jurit | gêntosing rama ji | tuwan kadang sêpuh ||
3. marma ulun tumangguh ing wèsthi | tan uningèng yêktos | yèn paduka kang umadêg rajèng | gumrahing tyang kang umadêg aji | sutèng Amral yêkti | warta kang misuwur ||
4. duta ulun Natabrata uni | aturipun mring ngong | langkung sangêt pangamandakane | dupi prapta abdinta pun Sêndhi | ulun uning yêkti | kang jumênêng ratu ||
5. jêng paduka mila rinta mangkin | inggih yun asaos | ngaturakên ing pêjah gêsange | pan sumăngga ngayunan kaka ji | ingkang sêrat titi |
--- 3: 294 ---
mangkana sang prabu ||
6. lir jinait raosing panggalih | sru karontog-rontog | sri narendra alon andikane | undhangana wadyabala mami | sun mapag si adhi | Soma budhal ingsun ||
7. duta sampun winangsulan tulis | Ki Kalêng wotsinom | lèngsèr saking ngarsanira rajèng | tan winarna lampahirèng margi | ing Kuwêl wus prapti | dyan tumamèng ngayun ||
8. kang caraka ngaturakên tulis | mring sang prawira nom | wus tinampan binuka sêrate | kang ukara bêbukaning tulis | tumrap ari mami | ing pandonganingsun ||
9. sira adhi ngaturi kintèki | wus katur maring ngong | sun tupiksa yayi surasane | iya liwat ing tarima mami | dene ingsun yayi | Soma budhal ingsun ||
10. Natèng Nglaga duk amaos tulis | pitêdhan sang katong | sakêlangkung sukane galihe | Ki Urawan sigra dèn timbali | sinungan udani | sêrate sang prabu ||
11. wadyabala pan wus dèn undhangi | waos kinèn bongkok | datan ana kang malang karsane | tan cinatur ing laminirèki | wuwusên sang aji | ingkang arsa mêthuk ||
12. asiyaga sagung pra dipati | gumêrah punang wong | pra punggawa samya nangkil kabèh | para mantri pan anata baris | barising Kumpêni | anggamêng lir mêndhung ||
13. ya ta têdhak saking păncaniti | wau sang akatong | ambêlabar kang wadyabalane | warna-warna gêgaman ngajurit [ngaju...]
--- 3: 295 ---
[...rit] | wus prapta ing Piji | kang wadyabala gung ||
14. prapta sagung wau sri bupati | gumuruh punang wong | dadya baris lèr lèpèn pêrnahe | sri narendra angantos kang rayi | wuwusên sang aji | Natèng Nglaga wau ||
15. budhal saking Kuwêl sri bupati | kang wadya gumuroh | waos benang munggèng ing ngarsane | pratandhane kalamun sayêkti | tan pisah duta ji | samarga angimur ||
16. tan kawarna wau sang apêkik | lan Sêndhi tan adoh | kawarnaa wau ing lampahe | kang pangarsa ing Piji wus prapti | Kodhokngorèk muni | lor kali gumuruh ||
17. sampun prapta sabrang lèr sang aji | Natèng Nglaga miyos | Jêng Suhunan Prabu Mangkurate | têdhak saking turăngga sang aji | tumingal sang aji | Natèng Nglaga wau ||
18. ingkang raka ngagêm cara Wlandi | asalah dènnya non | wadyanira kinêjepan kabèh | ingudharan waosing prajurit | prasami mêrpêki | ing dêdamêlipun ||
19. samya nyandhak gêgamane sami | lor gègèr gumuroh | kothang-kathung kumêpyur manahe | Ki Urawan asru dènnya nangis | kadospundi gusti | têmahan kadyèku ||
20. Dyan Urawan nangis jêrit-jêrit | dhuh gusti sang katong | jêng paduka lukara pangangge | rayi tuwan supe paduka ji | Prabu Mangkurat glis | busana rinacut ||
21. cara Wlandi ngagêm cara Jawi | ngalela sang katong | Dyan Urawan matur wor tangise [ta...]
--- 3: 296 ---
[...ngise] | ngasih-asih aturnya wor tangis | gusti paduka ji | pirsanên satuhu ||
22. Natèng Nglaga nèng kiduling kali | kang raka sabrang lor | kawistara sasolah bawane | datan samar sarêng cara Jawi | gya nabrang tumuli | Urawan tan kantun ||
23. sampun prapta ênggène sang aji | tundhuk lan sang katong | ingkang rayi pinêngkul janggane | sri narendra waspanya drês mijil | manêmbah sang aji | mangusapi lêbu ||
24. pra dipati sami sukèng galih | mulat sang karongron | sri narendra alon timbalane | marang sagung kang para dipati | ngabêktia sami | marang ariningsun ||
25. ya ta wau kang para dipati | angujung kumroyok | sampunira wangsul panggonane | nulya sagung kang para upêsir | nung-anung Kumpêni | tabeyan sêdarum ||
26. sinêngkalan tundhuke nrêpati | mring kang raka katong | toya muluk obah rêksakane |[25] ya ta sêmana budhal sang aji | gumêrah nèng margi | tan kawarnèng ênu ||
27. sampun rawuh sajroning nêgari | nata angêdhaton | ingkang rayi wus sinung pêrnahe | padalêman kapatihan dadi | sinungan palinggih | siti kalih èwu ||
28. wusnya enjing ngandikan kang rayi | manjing ing kêdhaton | sri narendra kalangkung onênge | mring kang rayi wus tumamèng ngarsi | ya ta ingkang rayi | alon aturipun ||
29. amba nguni wus umadêg aji | nèng Plèrèd kêdhaton | asêsilih Prabu
--- 3: 297 ---
Ngalagane | mangke lamun maksih ana nami | saru praja aji | sigug ing kêprabun ||
30. sri narendra suka ing panggalih | adhuh ariningong | luwih bênêr yayi mas ature | sira muliha aranta lami | Pangran Adipati | Pugêr trahing madu ||
186. Dhandhanggula
1. ingkang rayi nuwun awotsari | dhawuhipun kang raka narendra | kunêng ingkang winiraos | pra bupati sêdarum | ing pasisir kilèn Samawis | sami kinèn budhala | mring Salinga nglurug | sang nata jêngkar ngêdhatyan | kang nindhihi ing yuda Dipati Têgil | Tumênggung Mangkuyuda ||
2. Natayuda Surănggakarèki | dhawuh dalêm yèn unggul ing yuda | Si Namrud asor yudane | sirnakêna sêdarum | nak putune aja na kari | tumpêsên bayi lanang | kang wadon sêdarum | kabèh padha boyongana | winitara wadyabala kang lumaris | nêm èwu kathahira ||
3. sampun budhal sagêgaman jurit | tan winarna lampahirèng marga | anèng Gumêlêm praptane | tata pakuwonipun | ingkang baris sampun rinakit | gêntia kang kocapa | wau kang winuwus | Raja Namrud amiyarsa | lamun baris Kartasura sampun prapti | arsa ngrabasèng yuda ||
4. gya parentah wadyanira sami | asiyaga kêprabon ngayuda | amapag ripu karsane | wus agêng barisipun | têngarane bêdhug tinitir | wadya pasisir nêmbang | têngara gumuruh | kang bêndhe
--- 3: 298 ---
bèri tinêmbang | pra dipati sami ngawaki ajurit | angantêp ing ayuda ||
5. bêndhe bèri tinabuh tinitir | pan sumahab wadyabala mangsah | wong Salinga akêkêdhèr | wau Sang Raja Namrud | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasami magut yuda | rame prangnya campuh | amêtokkên pangabaran | Raja Namrud pangabarane tan dadi | sampun karsaning Suksma ||
6. wadyanira kathah ingkang mati | têtumpêsan Namrud balanira | tan ana tahan mimise | wus bodhol barisipun | pra dipati sami angungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | wus kacandhak sêmana cinêpêng aglis | mring sagung pra dipatya ||
7. wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | para bupati rêmbug | budhal saking Salinga nênggih | ngiringakên boyongan | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | anèng ing kamandhungan ||
8. datatita lingira ing nguni | Kartasura sêmana wus rêja | tan wontên kara-karane | Lănda wus sami mantuk | pan ginanjar sinung nêgari | Carêbon lan Pasundan | pinaringkên sampun | lawan Jêng Sunan Mangkurat | anyanggupi wêragad obat lan mimis | ingkang dèn angge aprang ||
9. myang bêlănja kalanira jurit | jêng suhunan sanggup angulihna | sarta Wêlănda patine | ingkang [ing...]
--- 3: 299 ---
[...kang] mati prang pupuh | jêng suhunan sanggup maringi | sêmana wus pamitan | marang sang aprabu | kang jaga ing Kartasura | mung rongatus asaos karsa sang aji | Sang Aprabu Mangkurat ||
10. tinilaran kapitan satunggil | litnanipun apan mung sêkawan | mung satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe wadya Kumpêni | saking ing Kartasura | Sêmarang jinujug | pan sarwi ngupaya papan | ing Sêmarang sêmana dipun lojèni | sarta idi sang nata ||
11. tan winarna kang anèng jêladri | ingkang mantuk marang Batawiah | sira Amral Hèlduwèlbèh | gêntia kang winuwus | ingkang babad karya nêgari | andina dandan-dandan | swarane gumuruh | sagunge kang wadyabala | pan andina-dina dènnya nambutkardi | wisma myang kalangênan ||
12. ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatir ing praja | sagunge wadya Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | maksih wontên Pangran Dipati | ing Pugêr panggenannya | wus dadi kang rêmbug | satêngah rêmbug mangkana | yèn maksiha anggèr tinunggu ing mantri | mênawa bokmênawa ||
13. kêni bineka ing wadya alit | dadya katur rêmbaging punggawa | sang nata pangandikane | ya bênêr pikir iku | ing mulane adhi mas dhingin | lawas tan seba-seba | marang jênêng ingsun | kêna binangus ing bala | sri narendra kang rayi dipun timbali | Dipati Pugêr prapta ||
14. angandika wau sri bupati | hèh adhi mas dèn kaparèng [kapa...]
--- 3: 300 ---
[...rèng] ngarsa | marma sun undang riningong | manira ayun wêruh | uwongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | manira yun wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga kang wadya dipun timbali | sumaos ngarsa nata ||
15. kawan dasa kathahe pra mantri | padha wangun tur asura-sura | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apan iku wongira lami | lawan wongira anyar | ing suwarnanipun | pantêse prawirèng yuda | Pangran Pugêr umatur sarwi wotsari | nika tyang ulun lama ||
16. yèn ajaa uwongira lami | pêsthi adhi iku bocahira | arsa sun kunjara kabèh | iku kang ngadu-adu | lamun iku wongira lami | dadine sun apura | yèn sira kang nanggung | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga ing karsa paduka aji | kawula tan lênggana ||
17. sri narendra angandika aris | ing Bagêlèn adhi ingsun pêcah | sun èkêt sun lawe-lawe | sakèh punggawaningsun | kabèh padha duwea yayi | iya sathithik sewang | kang rayi wotsantun | sumăngga karsa paduka | kunêng wau sang nata gênti winarni | sasampunnya antara ||
18. tunggal warsa nanging gantya sasi | ya ta wontên gêmpalan carita | ing Batawiah wiyose | wontên jama[26] linuhung | pinangkane saking ing Bali | dama katula-tula | duk ing mulanipun | Pangeran Răngga Sêtata | kang adarbe putra ical kala alit | milwa
--- 3: 301 ---
nèng Batawiah ||
19. nênggih wontên kang winuwus malih | Kapitan Murnê Sri Batawiah | adarbe têtukon lare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik suwarnanira | Kaptin Mur puniku | sêlaminira atumbas | lare iku Kapitan Untunge prapti | dagang myang lênggahira ||
20. minggah mayor nulya komasaris | tan alami minggah idlir rolas | adagang kathah bathine | dadya sugih kêlangkung | angungkuli sêsami-sami | Idlir Mur duk sêmana | rumaos ing kalbu | yèn rare kang mawa bêgja | wus ingambil atmaja sinung wêwangi | Ki Untung namanira ||
21. pan ingugung sapolahirèki | duk sêmana wusing lama-lama | diwasa akèh umure | mêmpêng birainipun | ya ta Idlir Mur ingkang winarni |[27] darbe atmaja nonah | endah warnanipun | sêdhênge birai sêkar | sinadulurakên lan Ki Untung nênggih | tan pisah sadinanya ||
22. nanging nonah rêmêne kêpati | mring Ki Untung dadya lama-lama | de wus sami biraine | kirda lawan Ki Untung | pawèwèhe tan pêgat gili | arta myang rajabrana | sinungkên Ki Untung | nanging Ki Untung sêmana | datan arsa asimpên dunyanirèki | kinarya prasanakan ||
23. lami-lami pudhaking Kumpêni | pinarsanak agung winewehan | apa barang sasukane | dunyanira Idlir Mur | cinêlêran raina wêngi | nanging datan kinarya | kasugihanipun | sinungakên [sinunga...]
--- 3: 302 ---
[...kên] sanakannya | pan sêdaya punika dipun tuwuki | lumintu salaminya ||
24. pudhak Kumpêni sami wong Bali | wênèh Bugis ingkang pinarsanak | wus kathah sêsanakane | wêtara wolung puluh | pan sêdaya pudhak Kumpêni | prasami kapotangan | wênèhana muwus | apa kang sun walêsêna | mring Ki Untung mênawa amanggih kardi | sun walês lara pêjah ||
25. Idlir Êmur mangke kang winarni | wruh dunyane mangke kathah ilang | tan wiyarsa yèn anake | kirda lawan Ki Untung | angulêri dunyanirèki | pan anakira nonah | ingkang ngawut-awut | iku marang bandhanira | dyan cinêkêl Ki Untung dèn jêmpalani | rinangkèt têngah pêjah ||
26. datan arsa suwalèng ing kapti | mung asambat mintak ampun tuwan | Idlir Mur ngrês manahe |[28] ya ta ngapura sampun | sawusira ngalami-lami | tan mari solahira | nonah lan Ki Untung | duk sêmana kawênangan | mring Idlir Mur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||
27. dyan cinêkêl mring Idlir Mur aglis | liwat gusar Ki Untung sêmana | sinèlèh bêlokan gêdhe | nonahira sinapu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | langkung kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dadosan sawidak yèn winitawis | sampunnya lama-lama ||
28. ya ta Untung pan amuwus aris | mring rowange anèng ing bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | paran ta dayanipun | ora ana
--- 3: 303 ---
kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rowange sumaur | hèh Untung luwih lêngkara | duwe polah dene ta bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||
29. tur kinunci jinagan Kumpêni | paran dayane gonira polah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | Hyang Suksmana marang ing dasih | pan kuwating kawula | saking ing Hyang Agung | rewange malih angucap | sira iku Untung pan luwih kumaki | sun iki wong wus tuwa ||
30. nèng bêlokan têlung puluh sasi | lawan ingsun ora mangan-mangan | prandene têka mangkene | sira iku kumênthus | pêksa guna tan wruh ing wèsthi | măngsa sira bejosa | marang ajèr ajur | kowe manèh yèn enjuha | angakali bubrahkên bêlokan wêpi[29] | bocah isih taruna ||
187. Sinom
1. Ki Untung mèsêm angucap | tan rêmbug lan sira mami | wong akèh sun jak pikiran | sira sakarêpirèki | ingsun ora udani | Ki untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | yèn ana bisa nguculi | iya kayaparan dadi rêmbugira ||
2. sami nauri wong kathah | yèn ucul sing sira mami | kabèh sanak-sanakira | paran ing rèhira dadi | tumbukna gunung wêsi | ala nèng bêlokan lampus | Ki Untung gumyang suka | sikile dèn unus aglis | sampun ucul saking ing wêsi bêlokan ||
3. sami cingak kang tumingal [tumi...]
--- 3: 304 ---
[...ngal] | tarung kon sawidak kalih | inguculan sêdayanya | nèng blokan mung kari siji | janma ingkang nyampahi | ya ta wong kang sampun ucul | sarêng dènnya angucap | paran karêpmu sêmangkin | mêngko ingsun uwis ucul saking sira ||
4. Ki Untung wangsulanira | sun arsa ngamuk Kumpêni | kabèh paran karêpira | sêdaya sami nauri | nadyan ambubrah loji | nora suminggah sêdarum | mung golèkna dandanan | lan golèk sarapan sami | dimèn sêgêr iki badan ingkang lêsah ||
5. Ki Untung mèsêm angucap | wis padha mênênga sami | mêngko nora suwe ingwang | Ki Untung anulya mijil | dinêdêl ponang kori | wus malêsat kuncinipun | Ki Untung sigra mêdal | ngandhut patrêm tapak nênggih | mung sênyari gêdhene wus praptèng jaba ||
6. kang jaga pinatrêm pêjah | datan kongsi amindhoni | pinasang malih kuncinya | Ki Untung sigra lumaris | sanake dèn ulari | wontên sawiji kapêthuk | sigra angrangkul nulya | sarwi lara-lara nangis | hèh Ki Untung kayaparan polahira ||
7. lawase nandhang lêlaran | ingsun ora bisa tilik | mêngko katêmu nèng jaba | lah payo sun gawa mulih | Ki Untung atut wuri | sapraptane wismanipun | sanake sami prapta | tinuturan anèng margi | kathah prapta sanake sami karuna ||
8. Ki Untung alon angucap | sun jaluk gêgaman jurit | aja [a...]
--- 3: 305 ---
[...ja] na mèlu maringwang | sanake sami nauri | yèn na karêpirèki | iya kang mawa pakewuh | kabèh ta sanakira | sêdya labuh lara pati | malês bêcik Untung alon saurira ||
9. sun tarima sanak ingwang | prasêtyane marang mami | mung ingsun jaluk gêgaman | lawan sêga iwak sami | panganan kinang malih | payo atêrêna iku | nuli bali manira | sigra pawong sanaknèki | anggawani kêris cundrik miwah pêdhang ||
10. tuwin waos cêcebolan | anulya binêkta aglis | sêksana sampun umangkat | têlu sanaknya kang ngiring | gawa gêgaman jurit | ana ingkang gawa sêkul | panganan miwah kinang | sêmana wayahirèki | pukul wolu duk Ki Untung wêdalira ||
11. lampahira sampun têbah | anèng ing pambêlokan sêpir |[30] sarêng gilir ingkang jaga | Kumpêni siji ingiring | Kopral Ki Untung nuli | gya anarik patrêmipun | pinatrêm sampun pêjah | koprale sigra marani | arsa mêdhang pinatrêm sampun pralaya ||
12. ingkang anèng ing kunjara | sêdaya wus sami mijil | berag-berag manahira | nulya kinèn sami bukti | kumaroyok abukti | wong sawidak sami kêmbul | wus mangan nulya nginang | gêgamanira wêradin | ana milih kêris cundrik pêdhang tumbak ||
13. wong sawidak wus wêrata | lajêng sami ngati-ati | nèng jawi gêdhong atata | ya ta litnan kang winarni | pambêlokan kang jagi |
--- 3: 306 ---
nora prapta nganti dangu | gya kinèn anumpiksa | sareyan ingkang lumaris | lampahira sampun prapta pambêlokan ||
14. kagèt wau duk tumingal | jawi gêdhong ana baris | gêdhong mênga sareannya | tumingal rewangnya mati | nulya lumayu bali | matur marang litnanipun | litnane tur pariksa | marang obrusing Kumpêni | sigra printah mukul tambur mangsah aprang ||
15. wadya Kumpêni kumpulan | sabêrgada kang lumaris | sampun prapta pakunjaran | Kumpêni angêpung aglis | ya ta Ki Untung nuli | ngabani mring rewangipun | nêmpuh wadya Wêlănda | sarêng surak mangsah jurit | kinarutug ing bêdhil datan suminggah ||
16. wong sawidak ngamuk rampak | Kumpêni kathah kang mati | caruk kuwêl dènnya yuda | Ki Untung mangsah mangukih | matrêm nyepak dugangi | wadya Kumpêni kèh lampus | Ki Untung kang mrawasa | wong sawidak tandangnèki | solahira kadi buta andon boga ||
17. tlas Kumpêni sabêrgada | ing wuri saya kèh prapti | pangêdrale kadi gêlap | Ki Untung rowangirèki | namung kantun sêpalih | akuwêl pangamukipun | Kumpêni kathah pêjah | ing wuri saya kèh prapti | ya ta Untung rewangira sampun têlas ||
18. binendrong dening sênjata | mimise kadi gurimis | Ki Untung kantun piyambak | rinêbut ing kanan kering | kang nyikêp dèn patrêmi | kinalang kinêpung-kêpung | mêdal sing loji
--- 3: 307 ---
samya | saparane dèn bêdhili | anyalimpêt marang bètèng alang-alang ||
19. Kumpêni sami kelangan | ing ngriku dèn osak-asik | Ki Untung datan kêpanggya | bubar sagunging Kumpêni | misuwur sanêgari | Untung sing bêlokan ucul | ngamuk akèh rowangnya | ucul wong sajroning sêpir | sami ngamuk tumpês wor lawan Wêlănda ||
20. tintrim wong sa-Batawiah | ya ta kang winuwus malih | Ki Untung dènnya singidan | bètèng lang-alang tri ratri | momor mring nêgri malih | ngulari sanakanipun | kathah ingkang kêpanggya | Ki Untung dipun tangisi | sami ngucap sêdaya arsa tumuta ||
21. Untung ingsun mèlu sira | anglabuhi lara pati | malês kabêcikanira | tigang dasa atut wuri | mangkat saking nêgari | lumampah ing wanci dalu | tan kari gêgamannya | bètèng alang-alang prapti | karya wisma sampun miranti sêdaya ||
22. sabên ari sami prapta | pawong sanakira nênggih | kalih tiga myang sakawan | lami-lami pan kawarti | marang sanakirèki | sêmana prasami kumpul | kawarna Batawiah | pangagêngira Kumpêni | dèrèng mirsa Untung nèng bètèng lang-alang ||
23. Ki Untung sanakanira | sakeca dènnya kêpanggih | janma satus kathahira | ingkang madosakên bukti | pan Ki Untung pribadi | wira-wiri mring praja gung | momor tan kawuningan | mangkana cinatur malih | yèn Ki Untung amomor marang nagara ||
24. sawêdale saking praja | patrême [patrê...]
--- 3: 308 ---
[...me] tapak tinarik | winor lan suruh candhikan | amêthuk Kumpêni siji | tuwin Kumpêni kalih | tiga gangsal tuwin catur | anulya pinaranan | wus pêrak ingkang Kumpêni | gya kinêbyok dening suruh cêcandhikan ||
25. aniba datan sêsambat | sabên kapêthuk Kumpêni | kinêbyok ing suruh pêjah | yèn wus asar ingkang wanci | ing marga agêng tintrim | sabên ari dados suwung | lama-lama kapirsa | marang pangagêng Kumpêni | yèn Ki Untung tingkahnya kadi mangkana ||
26. sêmana pinarantenan | satêngah pat pacak baris | barise datan katingal | dhêdhêg sajawining margi | Kumpêni tan kaèksi | pinakan Kumpêni satu | Ki Untung duk sêmana | pinuju langkung nèng margi | mêdal saking jroning kitha Batawiah ||
27. kinêbyok suruh palastra | Kumpêni mêdal prasami | lajêng ambrondong sênjata | Ki Untung lumajar gipih | binarondong ing bêdhil | cinêgatan marginipun | Ki Untung mingêr ngiwa | tinêrajang saking kering | kinêbyokan ing suruh sarwi lumajar ||
28. Kumpêni rolas kang pêjah | kopral sêrêsan kang mati | Kumpêni maksih nyênjata | binujung saparannèki | prênahnya sampun prapti | sarewangira Ki Untung | myarsa kang bêdhil munya | saking panggenane mijil | sami mêdal saking ing panggenanira ||
29. wong satus sarêng umangsah | ngamuk rampak ambêg pati | tandange lir singa lodra | Kumpêni kathah ngêmasi | mung kari tiga urip | sêksana [sê...]
--- 3: 309 ---
[...ksana] sigra lumayu | ingkang pêjah sawidak | Kumpêni kang tiga prapti | nèng ngarsane mayor sarwi mêgap-mêgap ||
30. matur Kumpêni kèh pêjah | Ki Untung mêngsahnya jurit | wontên bètèng alang-alang | kathah rencangira nênggih | mayor atur udani | dhumatêng tuwan gurnadur | ya ta lajêng parentah | amêpak sagung Kumpêni | sarêng enjing undhang amangundang sata ||
188. Pangkur
1. kunêng dalu kawarnaa | enjingira kumpul sagung Kumpêni | Amral senapatinipun | dene soldhadhunira | Bugis Ambon Mêkasar Wêlănda kumpul | tambure munya brang-brangan | budhal sagunging Kumpêni ||
2. tan kawarna anèng marga | bètèng alang-alang sêmana prapti | kawuwusa ta Ki Untung | myarsa Kumpêni prapta | langkung kathah kang rawuh wau Ki Untung | micara mring rowangira | nêdha sarêng angêmasi ||
3. wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sampun atata baris | Amral angabani gupuh | sigra Kumpêni mangsah | suwarane sênjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sêndawa | sigra Ki Untung ngabani ||
4. hèh sanak payo umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Mêkasar anglambung | ngêbyuki kering kanan | ramening prang Ki Untung angamuk punggung | manêngah sarewangira | wong satus wuru ing jurit ||
5. ngiwat-ngiwut ngering nganan | wong Kumpêni akèh rusak ngêmasi | Bugis Ambon akèh [a...]
--- 3: 310 ---
[...kèh] lampus | Sêmbawa myang Mêkasar | wong Kumpêni ing wuri kathah kang rawuh | Ki Untung sarowangira | kadi buta măngsa daging ||
6. dèn urugi ing pêpêjah | datan pêgat pangêdrèle Kumpêni | lir gêlap sasra ambarung | gurnat lawan gurnada | gutuk api lir pendah udan kadulu | Ki Untung pangamukira | tan pisah agolong pipis ||
7. kinarutug mimis tiba | sira Untung lir pendah Jayèngmurti | dèn êbyuk wadya Mêdayun | siji amusuh lêksan | siji wutuh ingkang lêksan kathah lampus | Kumpêni kèh kasulayah | wangke wor susun atindhih ||
8. saari dènira yuda | rowangira Ki Untung kèh ngêmasi | sawidak kèhe kang lampus | wong Kumpêni punika | Bugis Ambon Sêmbawa ingkang alampus | utawine wong Mêkasar | kathah tatu kathah mati ||
9. kêlangkung ngênês ing manah | wadyanira Ki Untung ingkang kari | amung kantun patang puluh | sapih ingkang ayuda | awit nênggih saking kasaput ing dalu | Kumpêni mundur sêdaya | mring salêbêting nagari ||
10. rong bragada ingkang pêjah | ya ta wau Ki Untung kang winarni | sadalu agunêm rêmbug | Ki Êmbun lon angucap | paran iki iya budimu Ki Untung | lamun awèt mêngkenea | sayêkti nora kuwawi ||
11. amungsuh wong sanagara | yèn sirarsa payo padha angungsi | Ki Untung alon sumaur | apa sakarsanira | ngêndi ingkang patut ingungsia [i...]
--- 3: 311 ---
[...ngungsia] iku | Ki Êmbun alon lingira | ing Cêrbon iku prayogi ||
12. Sunan Carêbon punika | lamun wani ngukuhi mring sirèki | ya ta Ki Untung anurut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan lampahnyanjog ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | gêntia ingkang winarni ||
13. saundurira ayuda | wong Kumpêni sadalu ngati-ati | prasami abaris tugur | atutup lawang kutha | mriyêmira pinasang plataranipun | ing dalu tan kawurcita | ya ta kawuwusa enjing ||
14. gumêrah yun magut yuda | pan kinêrig sagung wadya Kumpêni | budhal swarane gumuruh | ing marga tan winarna | praptèng bètèng alang-alang panggih suwung | Amral amatah kapitan | pêpitu kinèn ngulati ||
15. myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | lawan wadya patang atus | têtindhihirèng lampah | Tuwan Mayor Bèdrêmol wastanirèku | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan lumaris ||
16. ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | anèng ing tanah Cianjur | Carêbon sawetannya | sêdyanira Ki Untung ingkang jinujug | nêngêna Untung lampahnya | Sultan Carêbon winarni ||
17. darbe abdi kinasihan | pinèt putra aran Dyan Surapati | Sultan Agung asihipun | ngugung ingêla-êla | wênang nglampus uwong tanpa dosa iku | mangkana Ki Surapatya | ambêburu
--- 3: 312 ---
mring wanadri ||
18. bêgta satus rowangira | sasikêpe ngayuda datan kari | lêmbing sênjata myang tulup | pêdhang tamèng nèng asta | Radèn Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn anèng ing marga | sarewangira miranti ||
19. wadya anèng kering kanan | kawuwusa Ki Untung sampun prapti | Carêbon têlatahipun | lumaku wanawasa | praptèng wetan Radèn Surapati dulu | kagyat dènira tumingal | wong lumaku ting kulicir ||
20. kang dèn iring rare pelag | Surapati ngatag wadyanirèki | lah andhêgêna wong iku | ingsun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | Ki Untung sêmana prapta | ing ngarsane Surapati ||
21. Dyan Surapati têtanya | sira iki adhi wong têka ngêndi | miwah kang sinêdyèng kayun | sapa ta namanira | sira Untung alon dènira umatur | kawula ing Batawiah | inggih pudhaking Kumpêni ||
22. kesah kawula punika | apan dipun wasesa ing Kumpêni | ingkang kula sêdyèng kalbu | angungsi dhatêng sultan | ing Carêbon mênawi sagêd angukup | angabdèkakên kawula | dene tyang kawêlasasih ||
23. Surapati osiking tyas | rare iki sun wêtara ing ati | solah tata tur asêmu | dudu trahing urakan | sun wêtara iya têrah băngsa luhur | yèn katura kangjêng sultan | iku pêsthi dèn kasihi ||
24. dhasar gusti kangjêng sultan | rêmên uwong
--- 3: 313 ---
pêkik graitèng lungit | lan maning wong kaduk purun | lamun ta kauningan | marang gusti pêsthi awakku kalungsur | kawuri ngawulaningwang | dadya Surapati angling ||
25. adhi sun peling kewala | pan nêgara Carêbon iku cilik | ananging wingit kêlangkung | kabèh ta rewangira | atinggala iya tumbak kêrisipun | sêdaya barundhulana | aja nganggo tumbak kêris ||
26. lamun datan mangkonoa | tan kalêbu sira marang nêgari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane aturêna marang ingsun | iya aku kang anggawa | ing sira marang nêgari ||
27. Ki Untung alon angucap | mring rowange asraha kêris mami | myang tumbak aja na kantun | ingaturkên jêng sultan | pan sêdaya sawiji tan ana kantun | mung Ki Untung maksih branggah | dèrèng jinaluk kang kêris ||
28. sêksana sami srah gaman | miwah kêris wau Ki Surapati | tinanggapan rowangipun | Surapati lon mojar | kari sira adhi kang dèrèng ngong jaluk | pan rowangira sêdaya | adhi wus apasrah kêris ||
29. Ki Untung alon turira | yèn kenginga kula sampyan alimi | dene rencang kula sampun | bêrundhulan sêdaya | mung kawula rahadèn andika tanggung | măngsa sêdyaa punapa | tiyang sêdya ngungsi urip ||
30. Dyan Surapati bramatya | apa têmên sira tan pasrah kêris | măngsa bêcika tinêmu | yèn sira mangkonoa [mang...]
--- 3: 314 ---
[...konoa] | awèh ora iya pêsthi ingsun jaluk | sira iku basakêna | mêndhak kalingan kaèksi ||
31. apa nganti ingsun pêksa | ingsun gawa bêbandan mring nêgari | ya ta miyarsa Ki Untung | ngadêg suraning driya | anauri iya nora awèh ingsun | yèn wus pêcat nyawaningwang | kêkanthèn lan raga mami ||
189. Kinanthi
1. lah ta payo sakarêpmu | bramatya Dyan Surapati | ngêjèpi marang wadyanya | nubruk mring Ki Untung aglis | Ki Untung asru angucap | marang rowangira sami ||
2. amirea dèn agupuh | ingsun dhewe kang ngêmbari | sira wus tanpa gêgaman | wong Cêrbon sarêng nyuduki | ambêdhil miwah anumbak | Surapati anadhahi ||
3. sarta ngêmbat watangipun | Ki Untung datan gumingsir | aja ngadu wadyanira | payo kene Surapati | padha atandhing prawira | kêncêng otot prêding kulit ||
4. Surapati ngatak gupuh | wadyanira dèn abani | payo sosogên ing watang | găndra pira wong sawiji | urugana busur pêdhang | Ki Untung ngamuk mangukih ||
5. ngajrihi wau Ki Untung | kadi buta măngsa daging | tinumbak nora tumama | wong Cêrbon tan măngga pulih | kang kari mawur sangsaran | tan sumêdya pulih gêtih ||
6. Dyan Surapati lumayu | sêdya wadul ing sang aji | Ki Untung ingkang winarna | rowange sêdaya prapti | angrubung prasami lênggah | kathah kang sami nangisi ||
7. apirêmbagan [apirê...]
--- 3: 315 ---
[...mbagan] Ki Untung | mring rowangira ling aris | dawêg anyimpang kewala | mênawi dipun balèni | mring tiyang begal punika | Ki Untung alon nauri ||
8. kang ora-ora sirèku | lawan wong sêdya basuki | pêsthi anêmu raharja | Ki Untung lajêng lumaris | kêlawan sarowangira | kawarnaa Surapati ||
9. dènira lumaku rawuh | anèng sajroning nêgari | lajêng tumamèng jro pura | sultan anuju siniwi | Surapati prapta nêmbah | ya ta lajêng matur aris ||
10. atur wuninga pukulun | abdi dalêm kathah lalis | binegal wontên ing wana | dening budhaking Kumpêni | ingkang saking Batawiah | pun Untung ingkang wêwangi ||
11. dene samangke pun Untung | lajêng lumêbêt nêgari | kèndêl ing marga prapatan | Sultan Carêbon lingnya ris | hèh gandhèk lah timbalana | Ki Untung sêmana kerid ||
12. sarowangira tut pungkur | Ki Untung marêk pribadi | prapta ngarsanira sultan | ing Carêbon ngandika ris | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||
13. sun arsa tanya satuhu | sira prapta praja mami | iku pira rowangira | Ki Untung nêmbah turnya ris | gusti namung kawan dasa | jêng sultan ngandika malih ||
14. Si Surapati liwat dur | culika sikara budi | durung ana luwangira | uwong patang puluh wani | marang uwong satus begal | dene ngong la-êla luwih ||
15. têmah nyukêri prajèngsun | wusira dipun pirsani |
--- 3: 316 ---
jêng sultan kêlangkung duka | pinikut Ki Surapati | lajêng kinèn mêjahana | Surapati dèn suduki ||
16. anèng têngah alun-alun | Dyan Surapati wus mati | sultan aris angandika | Untung ingsun wus udani | sêdyanira sira prapta | ana ing nêgari mami ||
17. sumêdya ngungsi sirèku | ya bangêt tarima mami | nanging ingsun tan kuwawa | ngukup wit nêgri sun cilik | sira banjura mangetan | angungsia mring Mêntawis ||
18. apan iku ratu agung | baudhêndha nyakrawati | agung kang wadya punggawa | prayoga yèn sira ungsi | wis sira nulya mangkata | ingsun têka angamini ||
19. lan sira sun wèhi juluk | aran Radèn Surapati | apan wus pinasthi sira | dadi satrune wong kapir | Ki Untung nuhun aturnya | nulya lèngsèr saking ngarsi ||
20. anèng jawi praptanipun | lawan rowangira panggih | Ki Untung lon wuwusira | hèh ta sanak-sanak mami | timbalane kangjêng sultan | ingsun dhinawuhan ngungsi ||
21. marang nêgari Mêntarum | kangjêng sultan tan kuwawi | angukuhi marang ingwang | Carêbon nêgari cilik | apan namung kangjêng sultan | jurung pandonga lan puji ||
22. lawan pun pinaring juluk | aran Radèn Surapati | lan maning ingsun pinêca | ing satêdhak turun mami | apadene awak ingwang | dadi satrune Kumpêni ||
23. lah sira bapa wong sêpuh | mêngko sun wèhi kêkasih | Bun Jêladri [Jêla...]
--- 3: 317 ---
[...dri] aprayoga | dadi pangidhêpannèki | sakèh sanak-sanakira | sêdaya sami nauri ||
24. iku bênêr kakang Êbun | karsane Dyan Surapati | sira mamugari lampah | wong tuwa tinari-tari | kabèh mung darma lumampah | samubarang rèhirèki ||
25. dene wus waspadèng kewuh | radèn pan maksih taruni | sira kang maryogèng tindak | wus mangkat sarowangnèki | budhal saking ing nagara | mangetan Dyan Surapati ||
26. ing Têgal kamargan wau | Pamalang dipun langkungi | gantya wau kawarnaa | Kumpêni ingkang nututi | nèng Cianjur kèndêlira | pan sampun miyarsa warti ||
27. mangetan wau Ki Untung | tan pisah sarowangnèki | Kumpêni ajrih ngungsira | wus têbih saking Bêtawi | nguni ajrih prawiranya | Ki Untung langkung sinêkti ||
28. apan sampun pitung dalu | anèng Pasundhan Kumpêni | kumpul sagung wong Pasundhan | nèng Cianjur pacak baris | kang para mantri sêdaya | parentahira Kumpêni ||
29. sagunge janma kang langkung | sêdaya kinèn mirsani | kêlamun jangkêp sêdasa | yèn tan bêkta gramèn nênggih | punika kinèn nyêkêla | bok Ki Untung gêgirisi ||
Taksih wontên candhakipun malih, badhe kapacak ing sêrat babad ăngka 4.
1 | Lodhaya. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: manêmbah Dipati Sampang. (kembali) |
3 | Tanggal: dwi ilang rasa wanine (AJ 1602). Tahun AJ 1602 jatuh antara tanggal Masehi: 12 Februari 1679 sampai dengan 1 Februari 1680. (kembali) |
4 | amuwêr. (kembali) |
5 | Tanggal: Rêbo Pon pitu (7) Ruwah Alip: mantri sirna kwayang rat (AJ 1603). Tanggal Masehi: Senin 2 September 1680. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603 hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16 Ruwah AJ 1603 (Rabu 11 September 1680). (kembali) |
6 | Plèrèd. (kembali) |
7 | Biasanya guru lagu a: punika. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: lan Kaptin Lopèrès Mayor. (kembali) |
9 | Biasanya guru lagu o: gumuroh. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: rame bêdhil-binêdhil. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: rêbutên ing ajurit. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: angandika sang aprabu. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: bêndhe bèrinya tinitir. (kembali) |
14 | Kurang satu suku kata: Sang Aprabu Mangkurat nindhihi yuda. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: prawira guna sayêkti. (kembali) |
16 | mangkruk-mangkruke. (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: nèng Mêntaram pan samadya sasi. (kembali) |
18 | Kurang satu suku kata: warnanên Sang Aprabu. (kembali) |
19 | pêpakan. (kembali) |
20 | panganjure. (kembali) |
21 | samêkta. (kembali) |
22 | Biasanya guru lagu i: măncanêgari. (kembali) |
23 | têtumpêsan. (kembali) |
24 | sampun. (kembali) |
25 | Tanggal: toya muluk obah rêksakane (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. (kembali) |
26 | janma. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: ya ta Idlir Mur kang winarni. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: Idlir Mur angrês manahe. (kembali) |
29 | wêsi. (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata: anèng pambêlokan sêpir. (kembali) |