Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 01–08)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 01–08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 09–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 12–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 19–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 28–33). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 34–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 39–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 45–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Babad Tanah Jawi

Wiwit sajarahipun Sang Hyang Guru, dumugi Senapati jumênêng nata wontên ing Mantaram.

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. Munggèng sarkara ring ukara nis | sasmita tan sumukèng pustaka | kang tyas rujit karêjête | lir antaka kawantu | mung wisesaning Yyang Kaèksi | kang nitah amêmatah | ing boga sawêgung | kang amurwa sifat purba | kang ambagi sagala isining bumi | nimpuna paripudya ||

2. kang asih mring rahsanya ngasihi | mangka manggala para dinuta | dipèng rat wuryaningrate | rêspati kang rinasul | warana ris nayakèng bumi | kunêng awit kawangwang | wêwangson winangun | rawining rat nusa Jawa | kinarsakkên dinawa supaya dadi | manfangat winasiyat ||

3. măngka pangèngêt amêmèngêti | wajib sajarahing tanah Arab | tuhu ing Jawa tan pae | pamilanging lêluwur | pan ing nguni kalimosadi | pusaka pinustaka | ing karsa Sang Prabu | Pakubuwana kaping pat | pinrih aja parbatan wit carita di | ayya nanggung rêkasa ||

4. ri kang nalika mrêtèng palupi | limalas Ngakhad Rabiyulawal | kanêm măngsa Lip warsane | Pon wuku Julungarum | margèng nata kaswarèng dasih |[1] parênging kang sêngkala | mugya Hyang Aruhur | marma martana nugraha | mawantua safangat Sang Murtèng Bumi | mring sang krêtartèng praja ||

5. purwaning wasita kang tiniti | sajarahing nata [na...]

--- 2 ---

[...ta] kina-kina | ing nusya Jawa babade | dhihin ingkang lêluhur | Nabi Adam aputra Êsis | Êsis putra Nur Cahya | Nur Cahya asunu | iya mangaran Nurrasa | Sang Nurrasa ya aputra Sang Hyang Wêning | aputra Sang Hyang Tunggal ||

6. Sang Hyang Tunggal Guru ya putrèki | Guru atmajanipun lêlima | Sang Hyang Sambo pambayune | Brama ingkang panggulu | Mahadewa panêngahnèki | Wisnu wuragilira | kang jumênêng ratu | jumênêng ing nusya Jawa | iya iku têtimbanganing agami | Islam nagara Mêkah ||

7. pamêkase anama Dewi Sri | Bathara Wisnu jumênêng nata | Prabu Sèt pilih sisihe | ana malih winuwus | ya nagara ing Gilingwêsi | ana jumênêng nata | ngaran Watugunung | sêmana ing nuswa Jawa | apan rinèh Prabu Sètmata kêkalih | samya digjayèng rana ||

8. ênêngakêna wau ginupit | kocapa Sang Hyang Pramoni Tunggal | ing Suralaya prajane | nênggih Bathara Guru | pan adarbe sêngkêran putri | ing Mêdhang yu utama | ri karsa Hyang Guru | ingunggahakên ing swarga | pan kinarya graha dening Hyang Pramoni | sira putri ing Mêdhang ||

9. nanging kala sêmana nrêpati | Bathara Wisnu lagya pêpara | amanggih dyah kênya anèm | warnanya tuhu ayu | angluwihi èstri sabumi | jêjuluk Ni Mbok [Mbo...]

--- 3 ---

[...k] Mêdhang | sang nata kapencut | amulat ing ni mbok rara | dyan punika pinundhut kinarya rabi | mring sang sri naranata ||

10. ri salaminya sri narapati | umadêg nata ing madyapada | dèrèng umulad lamine | ing dyah kang lwir sang arum | tuhu yyan dewaning dyah lêwih | ayunya tanpa sama | ing rika Hyang Guru | dahat rikang bramatyanya | mring atmaja rikang nama Wisnu nênggih | dènnya ngrisak sêngkrêran[2] ||

11. Hyang Narada sigra dèn timbali | kakang Narada gya turunana | mring madyapada dèn age | timbalana Si Wisnu | lah maria jumênêng aji | ya ta Sang Hyang Narada | gya sira tumurun | ing rika mring madyapada | Prabu Wisnu apan ta sampun kapanggih | lawan Sang Hyang Narada ||

12. Sang Hyang Rêsi Narada sigra ngling | hèh Ki Wisnu praptèngwang ing sira | dinuta ring sudarmane | ari Pramèsthi Guru | dahat runtik mring sira kaki | hèh Ki Wisnu ring mangkya | pan sira tinundhung | pinêcat karatwanira | de Hyang Guru dosanya ya kumawani | ngrabasèng sêsêngkêran ||

13. ya kang nama Nini Mêdhang kaki | yeka sinêngkêr ing yayahira | ing mangkya têmah dira gèr | dadya sira tinundhung | ring makya[3] maria dadyaji | ya umênêng tan mojar | Sang Bathara Wisnu | myarsa runtiking kang wayah | agya kesah datanpa rewang pribadi | anusup ngayam alas [a...]

--- 4 ---

[...las] ||

14. madyèng wana yeka na waringin | madulur pipit wohnya ngrampayak | ring sornya rêsik talane | ya Sang Bathara Wisnu | matapèng sasoring waringin | têkap lalu sangking tyas | alunggwèng pitkur |[4] masidhakêp pukwatunggal[5] | saha martyani ring babahan sangwèki | sadyaya matya raga ||

15. irika Hyang Narada gya mulih | sigra dhatêng ring kayanganira | ing dalêm Suralayane | wus kapangguh Hyang Guru | Sang Rêsi Narada tur aris | suta kita wus kesah | mring waringin pitu | lalu lara kawlasarsa | mangun tapa umunggwing mêdyèng wanadri | dahat brăngta mangarang ||

2. Asmarandana

1. Sigêgên datan winarni | Hyang Girinatèng ing swarga | riking gantya kawiraos | kang munggwing ing madyapada | wontên nata utama | kahananing madêg prabu | nama Sri Selaprawata ||

2. prajanya ring Gilingwêsi | ratu anyakrèngwarti ngrat | ing jagat pilih bobote | karananya mwangkane |[6] dening bandhu sacara | Maharaja Watugunung | rikwing manyakrèng buwana ||

3. yeka sadhara nrêpati | walu likur jalu padha | karana pilih bobote | ya Sang Sri Selaprawata | kasub kaloka ring rat | jênêngira sang aprabu | kinatakutan [kinatakuta...]

--- 5 ---

[...n] prangmuka ||

4. yeka praja Gilingwêsi | ri ngunya pan lagya rêngka | gara-gara kwèh warnine | jalajat yyan praja rêngat | grahana surya wulan | ring ratri wintang kumutug | kilat thathit mawalikan ||

5. asalah mangsaning warsi | lindhu sadina ping sapta | kwèh ladhu longsor taline | gumalêdhug swarèng arga | saha guntur lorodan | amlingi selanya tarung | atêmah warsawu tiba ||

6. saha nêkakkên gêgêring | jalajate larang pangan | wadyalit kyèh rusak tyase | pwa Sang Sri Selaprawata | sangêt pwra pancaring tyas | têkap prajanya karuwu | kwèh gara-gara kang prapta ||

7. dyan warnanên sri bupati | duk anèng ing puranira | asmu wiyadi ring tyase | samana yasa sarean | umunggwing kanthil dênta | saingadhêp grahanipun | ri kang nama Dèwi Sinta ||

8. cahya kinèn ametani | sigra pinetan sang nata | ya ta katingal cirine | sang nata sirahnya buthak | gya umatur Ni Sinta | inggih paran milanipun | buthaking sirah sang nata ||

9. ya andikaning nrêpati | hèh yayi ya wruhanira | marmitèngsun buthak kiye | jalaran kalèngsun bocah | ambêbana ring biyang | saha mothah tangis ingsun | bibi ngong lagyangi ika [i...]

--- 6 ---

[...ka] ||

10. wruh ingsun mothah anangis | si biyang kaku ring kang tyas | sirah ngong dèn gitik ngenthong | malah umijil rah ingwang | tumulya gya sun lunga | saparan-paran andarung | manusup ya ngayam alas ||

11. ngong amrih margèng ring pati | ya mulane sirah ingwang | buthake têka ring mêngko | dahat kagyat Dèwi Sinta | mirsèng andika nata | ya bapa nak ta kiningsun | dene ta nora kayaa ||

12. kalingane lakya mami | ring unya atmajaningwang | ring kang ngong gitik sirahe | karannya maciri buthak | dene ta tan kadyaa | ri karsèng dewa kang Agung | dening wang lakya atmaja ||

13. cilaka pa ringong panggih | yaktya kwèh dhêndhèng jawata | ring mangkya lah kaya priye | unggwan ngong ya ngundurana | apan wus karwan jiwa | ngong lawan sang Watugunung | arsèngsun anglakonana ||

14. iya tataning wong ngêndi | alakya lawan atmaja | adhuh iya katuwone | kakya dewa awak ingwang | sapa gwan angungsyaa | ngong watara Watwagunung | kadya ta tan ana năngga ||

15. ngwang iki digjaya sakti | pilih samaning ayuda | sri naranata dyan linge | ya pagene yayi sira | umênêng tanpa ngucap | lah apa marganing rêngu | lah ingsun sajarwanana ||

16. mêng sira unggwanan dasih | ngwang ayu tanpa sasama | atma jiwaning [ji...]

--- 7 ---

[...waning] ngong dhewe | ri kang pindha rêtna mulya | musthikaning paprêman | kang asung lara kung lulut | alah mara sajarwaa ||

17. Dewi Sinta ya nabda ris | mring Sang Sri Selaprawata | ulun rasèng tyas dangune | jênêng paduka narendra | pan nata binathara | tanpa sasama tuhwanung | tan ana kadya sang nata ||

18. nanging sapala kang galih | ri kang dèrèng kalampahan | rèh andika nata kaot | dening ta dèrèng agraha | widadaryya ing swarga | muhung punika slanipun | benjing yèn wus kalampahan ||

19. paduka agraha benjing | apsari ring Suralaya | tuwan tuhu nata kaot | lan aminta malih ingwang | ulun kinawayuha | layan sakyèh ring para rum | apsari ring Suralaya ||

20. sukyèng gumuyu nrêpati | ya Sang Sri Selaprawata | ari ngong kang aywa tan lèn | ya siratmajihwa ringwang | tuhu yyan kyèh artinya | têkap sire minta maru | ya ngong têkani karsanya ||

21. kita minta mwru apsari | yeka praja Suralaya | ya agya ngong unggahane | sakwèh widadari swarga | sun wurune sadaya | kahatura ring sang arum | dadyaa parêkanira ||

22. hèh karia sira ari | ingong umijil ring jaba | amêpêk wadya sakèhe | lawan saha

--- 8 ---

sanjatanya | ambêdhah Suralaya | sang aprabu wus umêtu | alunggyèng ing panangkilan ||

23. pêpêk kang prawarèng jurit | muwah kang pra santana |[7] asaos ngarsanirandhèr | namaning pra santananya | Tolu Gumbrêg Wariga | Warigagung lan Ki Julung | sungsang lawan Ki Galungan ||

24. Ki Langkir Măndhasiyèki | Julungjut lan Ki Pahang |[8] Kuruwêlut Ki Marakèh | Tambir lan Ki Mandhangkungan | Ki Maktal Wuye ika | Manail lan malihipun | Ki Prangbakat ingkang nama ||

25. Bala Wugu lan Ki Ringgit | Kulawu Dukut namanya | Landêp anênggih garwane | Wukir Kurantil jangkêpnya | lingnya sri naranata | hèh sakyèh saanak ingsun | myang panggawèng ngong kabèhnya ||

26. apwan ngong arsa nglurugi | ri kang praja Suralaya | ya ring kang dewa sakèhe | yyan ta tan arsa nungkula | iya ring jênêng ingwang | ring Suralaya ngong gêmpur | muwah ring Paparewarna ||

27. gêgamaning Gilingwêsi | lah agya sira pêpaka | myang pra pratiwa sakèhe | saha sanjatèng ayuda | dadyaa pangarsèng prang | yyan dewata arsa têluk | Suralaya ugahana[9] ||

28. lah ayya kita kawatir | yyan dewa muwah jawata | kapwa dhadhungên gulune | ngong karyane kêkêbwahan | mang swèka wèh citraka | saha punggawa tur manut |

--- 9 ---

ya sandika ring aturnya ||

29. gya pratiwèng Gilingwêsi | saha manêmbang tangara | gyang bèri umyang swarane | ri kang têtêg lwir butula | angrok pangriking kuda | bêndhe tinêmbang mangungkung | sumahap bala wahana ||

30. sakala pêpêk kang baris | anglir giri kapawakan | baksanabra yyan tinonton | lwir panjrahing sarwa sêkar | dènnya kyèh lèn warnanya | kucêm ujwalèng sitangsu | kasonyan ujwalèng sara ||

31. saha pangriking turanggi | karêngwa lwir arga rêbah | krêciking watangya rame | mawor gadêbêging bala | lèn panguwuhing rowang | riging bala koswèng gêrgut | anglwir mangrêmpak aldaka ||

32. ênêngakêna ring nguni | ya sang Sri Selaprawata | arsa minggah sabalane | arsèng ngrisak Suralaya | angayani jawata | mangkana ri kang winuwus | nagarèng ing Suralaya ||

33. gara-garanya kyèh prapti | prahara gêng păncawura | kyèh rêbah ri kakaywanè | kawah ran căndrabinuka |[10] umyang ya mawalikan | dhoyong kayya dewandaru | sangêtnya ring bayu bajra ||

34. myang wat ran si ogal-agil | malang lwir arsa rubuha | lawang sela matangkêbe | bale ran sang Marcukundha | mangalih arsa rêbah | narakanyambèr malêtug | myang êndhut si

--- 10 ---

brêgêdaba ||

35. jawata kapya ya ngili | muwah ring Paparewarna | ing karang pawidadarèn | iya ring Jonggring Salaka | gègère apuyêngan | jawata padha lumayu | mangungsya Hyang Girinata ||

36. datatita linging nguni | kocapa Rêsi Narada | samana gègèr manahe | mulat ring gêgara-gara | myang dewa apuyêngan | Hyang Narada gya lumayu | akarsa angrêmbagana ||

37. ing yang mring Sang Hyang Pramèsthi | ri kang pra dewa pêpêkan | ya umunggwèng ring ngarsane | Bathara Guru sinèba | mring sang para juwata | yeka ri king munggwing ngayun | Bathara Sambo Kowera ||

38. Bathara Brama lan Sukri |[11] Bayu lan Sang Mahadewa | Sang Hyang Narada dan linge | ari Guru paran baya | praja ing Suralaya | magêng gara-gara rawuh | ri salaminya ngong mulat ||

39. apan tan kadya ring mangkin | lah punapa kang amawa | Sang Hyang Guru mojar alon | hèh kakang lah wruhanira | apan ing madya pada | ya ana yogyaning ulun | arsa minggah Suralaya ||

40. prajane ring Gilingwêsi | ratu sêkti mahambara | Si Watugunung namane | ri kang apsari ring swarga | ya arsa dèn turuna | Hyang Narada dahat jêtung | sabdanyalok katiwasan ||

41. yyan ratu ing Gilingwêsi | yayi ing cipta manira | măngsa anekat tandhinge | pra jawatèng Suralaya | lah parênga umara |

--- 11 ---

musuh risang Watugunung | kaya ta tan ana năngga ||

42. lah ta ing mangkya ngong tari | sakyèh dewa suralaya | myang para jawata kabèh | kang wadya maguta sapa | mara ring tandang nyaya |[12] iya ring Sri Watugunung | jawata kabèh aturnya ||

43. sapala ta tan awani | dewa jawata kabèhnya | anambadani yudane | mring sang Sri Selaprawata | lingnya Rêsi Narada | lah kaya pa wêkasipun | tan wandya yyan kasusahan ||

44. sayêktya tan wandya benjing | yyan kinarya kêkêbohan | mring manusya ya têmahe | Hyang Pramèsthi ya ling sira | hèh ta kakang Narada | ring mangkya kita ngong utus | tumurun nèng madyapada ||

45. mintaèng sraya kang sêkti | manusya rikang kawawa | ring Watugunung jurite | ri atur Sang Hyang Narada | yyan ulun tumuruna | yaktya ulun ginaguyu | mintaa srayèng manusya ||

46. pasthinya lamun kabalik | dewa narayèng manusya | apan tan ana yogyane | ari Guru tanggêh ring ngwang | yyan kita mêngsahana | kalawan Si Watyagunung | tan lyan na atmaja kita ||

47. inggih kaki Wisnu yayi | tinantun yyan purun mapag | mring Watugunung jurite | yyan Ki Wisnu istwa mênang | ingapura dosanya | ya nabda lon Sang Hyang Guru | lah kakang sarèhanira ||

48. apwan ulun anuruti | sok kaki Wisnu [Wi...]

--- 12 ---

[...snu] wania | Sang Hyang Narada nulya ge | anurun mring nayapada | ri kèng yun tinêdhakan | iya ran Bathara Wisnu | nguni kang madêg sri nata ||

3. Sinom

1. Datatita linging ngunya | kocapa kang matya ragi | anèng sor Waringin Sapta | taman mobah tan amosik | tansah pitêkur linggih | sira Sang Bathara Wisnu | ri laminya dinukan | ring yayah tan arsa mulih | sangsaya sru ya pitêkur matya raga ||

2. ing rika dyan kawarnaa | Sang Hyang Narada gya prapti | Sang Hyang Wisnu apan mulat | yyan Rêsi Narada prapti | ing tyas dahat kumitir | Hyang Rêsi mulat ing Wisnu | lalu wlasirèng nala | mring Wisnu amati ragi | ya ta uwus atata lunggwèng masila ||

3. dêlingnya Sang Hyang Narada | karana ngong praptèng ngriki | dinuta sudarmanira | lah kita makya dèn sèngi | umunggaha ring swargi | têkapning Bathara Guru | marma dèn swèngi sira | dènira Sang Hyang Pramèsthi | ya ing swarga loka kaparag prahara ||

4. akwèh ring kang gara-gara | jawata kapwaya wingwrin | kawah si căndrabinuka | umwab kadya manangkêbi | ya wwat si ogal-agil | mènggung kaywa dewandaru | bale si Marcukundha | mènggung rênggang lwir ginonjing | karan sangêt gègère Papare warna ||

5. iya ring Jonggring Salaka | widadara-widadari | mangili ya jrih ing kawah | têkap nikang jalajati | ya ulun mirsa warti | apan Sang

--- 13 ---

Sri Watugunung | prajanira sang nata | ya mangaran Gilingwêsi | pan kaloka yyan nata prawirèng yuda ||

6. yeka Sri Selaprawata | ri mangkyarsa anglurugi | ambêdhah ing Suralaya | arsa nawan widadari | kadya pakwangong tari | kakyapa ta sira purun | yyan tandhinga digjaya | lan Natèng ing Gilingwêsi | rang kang nama ya Sang Sri Selaprawata ||

7. Bathara Wisnu lingira | yyan sèstu ulun kaidin | tatarwiang ring pangagnya | ya dyan atêmaha pati | ulun pan anglampahi | ri sapangatnya Hyang Guru | tatarwiang ring karsa | ya awak ulun upami | lwir antiga yyan rêmak binuncangêna ||

8. sukwèng tyas Rêsi Narada | yyan kayyeka kita kaki | lah payo minggah mring swarga | Bathara Wisnu nabda ris | ulun arsa apamit | ring somah ulun karuhun | arsa mulih sakêdhap | lah antyanana ing ngriki | anauri lingnya Sang Rêsi Narada ||

9. lah kaki ring karsaning ngwang | ywan kêna ywa kita mulih | pan kita lagya dinukan | mring yayahira ring nguni | mangkya lagya dèn sèngi | sira têka tan agupuh | sumêlang mulih wisma | amwanglulut lawan rabi | nadyan ngunggar runtike sudarmanira ||

10. Bathara Wisnu lingira | pan wus jamakipun ugi | rèh anèng ing madyapada | arêrukon [arêruko...]

--- 14 ---

[...n] lawan rabi | yyan lungha ya sung warti | yya dadya pangayun-ayun | nadyan têmah parastra | ring wuri pan ayya watir | ulun kesah ring wuri eca aring tyas ||

11. apwan tan adangu ingwang | yya nuwun mawartèng rabi | myang rakyat kang karwèng wisma | ulun gya mali mariki | Hyang Narada sirangling | iya aywa dira dangu | sigra mêsat ngambara | Bathara Wisnu kang mulih | dyan warnanên Ni Mêdhang kang karèng wisma ||

12. rikala katilar wawrat | Bathara Wisnu mêmêling | yyan umijil garbininya | yya jalu sutanya benjing | namanana Srigati | ring makya umijil jalu | pêkik suwarnanira | wus ingaran Sang Srigati | sangsaya lama Sang Srigati diwasa ||

13. Pan tansah atakwan bapa | sapta dina sapta ratri | amular takèn sudarma | kang nama Radèn Srigati | nanging tan dèn jatèni | saksana gya maring ibu | ya mangkana lingira | ibu lah têndahna kami | ring unggwanya sudarma kang yogyèng ringwang ||

14. yyan upama parastraa | dèn tarung candhinya ngêndi | lalu ring kaarsaningwang | abaktya ring yayah mami | bibi mèwêh ring galih | wasana gya ngling atuduh | dewa kita mênênga | ring mangkya ngong ya sung warti | lah wruhanira dewa sudarmanira ||

15. apan ta dudu manusya | ya sudarmanya ta kaki | sajatinya ya jawata | ring ajal kamulan nguni | ring Suralaya yêkti | ya mangaran Sang Hyang Wisnu | duk lunganya

--- 15 ---

matapa | ya sudarma kita nguni | ri lamanya kita anèng wawratan |[13]|

16. ri ngaturnya ya mlasarsa | sira Rahadyan Srigati | nadyan yayah ngong jawata | sayêkti ulun yun uning | ibu swèngana mulih | ibunya aris sumaur | lah iya magkya uga | manawa ngong swèngi kêni | sudarmanya makya ulun amêmujya ||

17. umunggah sanggar langgatan | maayun mujya samèdi | saha lan atmajanira | ingkang nama Dyan Srigati | gêntha kakêlèng muni | manunwa dupa kumutug | kumêlun marantugan | ya rikang mujya sêmadi | Ni Mbok Mêdhang saha lan atmajanira ||

18. ri kang pinujya gya prapta | Bathara Wisnu ya linggih | Ni Mbok Mêdhang pan uninga | yyan irikang lagya prapti | Ni Mêdhang bêktyèng laki | nganjali nungkêmi suku | Wisnu gya ngol ring graha | saryangling liga ari |[14] iya uwus ngong anarimèng baktinya ||

19. Sang Hyang Wisnu kagyat mulat | yeka na ngwang nganam linggih | umunggwing wurining graha | warnèngka tuhu ya pêkik | saha cahya lwir sasi | Bathara Wisnu saha wuwus |[15] hèh nini iku sapa | ing wuri iku alinggih | ya raryyanom satuwuk ngwang taru mulat ||

20. manêmbah angling Ni Mêdhang | pukulun kang lunggyèng wuri | ya atmaja duk tinilar | wawratan kinèn ngarani [nga...]

--- 16 ---

[...rani] | inggih Radèn Srigati | Sang Bathara Wisnu emut | kalamun grahanira | kala katilar garbini | linging nala Wisnu kaya yyan gêdhea ||

21. wus lama gyaningsun lunga | suta ngong saèstu pêkik | Bathara Wisnu lingira | sutaningsun iku nini | sapa sira ngarani | ling garwa inggih pukulun | wastane suta dika | ya ngaran radyan Srigati | Bathara Wisnu dahat trêsnèng atmaja ||

22. Rahadyan Srigati mojar | ring ibu arum amanis | ibu lah sapa rowangnya | angling ulun arsa uning | têkap dahat tan kaksi | ibunya angling sumahur | yèku sudarmanira | lah kaki rowang ngong angling | ya ta mojar Srigati mring ibunira ||

23. lah ulun uningakêna | ibu ring sudarma mami | gumuyèng tyas sudarmanya | saryangling mring atmajèki | yyan tuhu kita ugi | kaki ya atmajaningsun | pasthi kita wruh ringwang | ya mangka Radyan Srigati | tan antara wus wruh ring sudarmanira ||

24. gya manganjali rahadyan | mring yayah sahya[16] nungkêmi | Hyang Wisnu yangoling suta | lingnya dhuh atmaja mami | tuhu sirèki pêkik | lah lungguha atmajèngsun | ri uwus kapya lênggah | Bathara Wisnu ling aris | mring grahanya ari ngong awartèng kita ||

25. iyyèngsun dèn swèngi mangkya | dènira Sang Hyang Pramèsthi | umunggah ing suralaya [sura...]

--- 17 ---

[...laya] | karana ingwang dèn swèngi | kinon mapaga jurit | nira Sang Hyang Watugunung | Prabu ing Gilingwêsya | yeka ri kang mangunggahi | ri karsanya angrabasèng suralaya ||

26. iku ngong kinèn mapaga | ring yudanya sang nrêpati | lah ari kita kantuna | marma ngong wartèng sirèki | manawa ngong nêmahi | tiwas rèh ingong prang pupuh | mêngsah Selaprawata | lah yayi wêwêkas mami | amung kita karia mukti wibawa ||

27. grahanya ya asmu waspa | Radyan Srigati angling |[17] mring yayah saha wotsêkar | ulun pan tumut ajurit | dahat alumuh kari | saparan ulun ywa kantun | nadyan têmah parastra | ulun arsa wruha ugi | sigra mojar Bathara Wisnu mring suta ||

28. dhuh radyan atmajaningwang | ywa kita umilwèng kami | apan maksih rari kita | durung mangsaning ajurit | lan tan winênang kaki | kalamun manusa tuhu | mugah[18] ing suralaya | lah uwis karia kaki | lan ibunya lah uwis padha karia ||

29. Bathara Wisnu dyan musna | mring Waringin pitu malih | datan adangu wus prapta | Rêsi Narada ya nganti | anèng soring Waringin | gya Bathara Wisnu rawuh | ing sor Waringin Sapta | wus samya tata alinggih | apan lagya agunêm [agunê...]

--- 18 ---

[...m] ing lampahira ||

30. mangkana ring kang kocapa | kang tinilar ran Srigati | arsèng tumutur ring yayah | amicarèng ing jro ngati | ya ring panêdha mami | marang Bathara kang luhung | nadyan pêjah gêsanga | iya awak ulun iki | ayya pisah lan sudarma ngwang atuwa ||

31. apan dahat tanpa rasa | ri kang kadya awak mami | ingakên atmaja lanang | sudarma mintar ajurit | ingwang eca akari | yakti ngong ngwang tanpa kalbu | yyan ngong iki yaktia | atmajaning Wisnujati | muga ringwang bisaa ngambah awiyat ||

32. tumulya mêsat ngambara | sirèka Radyan Srigati | tatara[19] dangu gya prapta | soring Waringin saptèki | radyan tumulya linggih | ring wurinya yayahipun | kagyat sang rêsi mulat | mring sira Radyan Srigati | Hyang Narada mring Wisnu aris dêlingnya ||

33. lah iku ta kakya sapa | nèng wurinira alinggih | Bathara Wisnu saksana | agya tumulih ring wuri | kagyat Wisnu mulat ing | Srigati lunggwèng ing pukur |[20] kapanane ta kita | iya tumutur ing kami | tumulya ngling Sang Wisnu majara wrêta ||

34. apan punika sutèngwang | ya mangaran Srigati |[21] patutan lawan ing Mêndhang | Sang Hyang Narada sigra ngling | dhuh sutèng ulun kaki | lah sira konèku mantuk | manawa kadêngangan | mring Guru Sang Hyang Pramèsthi | atêmahan iku mêwahi dosanya [do...]

--- 19 ---

[...sanya] ||

35. yyan suta kita milwaa | mêwahi bramaning galih | apan nguni grahanira | sinêngkrê[22] ring Hyang Pramèsthi | myang kaki ta dhingini | karana sangêting bêndu | yayahira mring kita | mangkya kita lagi-lagi | ingapura sinarwe sudarmanira ||

36. karanèka waruhana |[23] ywa karya pangrêbda runtik | Bathara Wisnu lingira | ing nguni wus ulun pênging | kala ana ring panti | asangêt pangampah ulun | ulun dahat tan wikan | panusule pratèng ngriki | alah uwis Srigati kita muliha ||

37. lah ayya umilwa ringwang | kaki dahat datan polih | manusa mring suralaya | Rêsi Narada sigra ngling | payo mangkat tumuli | dimèn suta kita kantun | umulihèng ring wisma | lah uwis kita Srigati | ingong tilar lah payo ungkur-ungkuran ||

4. Pangkur

1. Dyan umêsat angêmbara | Hyang Narada andêdêl ing[24] pratiwi | Bathara Wisnu tan kantun | apan mring kadewatan | tan adangu ring suralaya wus rawuh | ing lawang matangkêb sela | lawan wot si ogal-agil ||

2. lan êndhut si blagadaba | Hyang Narada ya ta lingira aris | yyan suta kita anusul | nadyan bisa ngêmbara | ngong watara tan bisa angambah pintu | yyan ana manusya lintang | apan lawang iki mipit ||

3. nadyan ing lawang bisaa | pasthi tiba ing wot si

--- 20 ---

ogal-agil | lan tan bisa ngambah êndhut | apan ika manusya | alah payo kaki Wisnu kapwa laju | saksana samya lumakya | cumundhuk ing Hyang Pramèsthi ||

4. tan adangu nulya prapta | Hyang Pramèsthi apan ta gya alinggih | pra dewa ya munggwing ngayun | Brama Sukri Kowera | Mahadewa Sambo lan Bathara Bayu | Sang Hyang Narada wus prapta | Bathara Wisnu nganjali ||

5. ri uwus tata alênggah | saha samya ugêm Sang Hyang Pramèsthi | lawan pra dewa sadarum | warnanên malih sira | nguni ri kang tinilar Waringin pitu | tansah amrês ing tyasira | ri kang mangaran Srigati ||

6. arsèng tumutur ing yayah | saha pratignya ring tyas pasanggiri | yyan saèstwa angganisun | sutèng Wisnu sayaptya | muga dinulura ring Bathara Luhung | sêdyèng ngong nut wuri yayah | aywa sah parastra urip ||

7. dyan umêsat mring gêgana | Srigati mangandêling mega putih | ingkang dewa tan dinunung | tan kandhêg lampahira | pratèng lawang sela matangkêb wuk[25] mangu | lan êndhut si blêgêdaba | myang uwot si ogal-agil ||

8. nêraka yêmani[26] loka | ya ta gandhêg[27] lampahnya Sang Srigati | mangkana ya aganipun[28] | apan wus pinrêtignyan | yyan sajatya ngong suta Bathara Wisnu | lah

--- 21 ---

ugi ingwang bisaa | mangambah ring awan iki ||

9. yyan sayêkti dudu ingwang | ri kang suta Bathara Wisnu jati | lah lêbura ywa wak ingsun | anèng yamani loka | dyan lumakwa rahadyan Srigati laju | waluywa ring lampahira | naraka tan ambayani ||

10. jumujug ing kadewatan | ri praptanya Dyan Srigati alinggih | munggwing wurinya Sang Wisnu | Hyang Guru kagyat mulat | lamun ana raryyanom lungguh abagus | ing wurinya Wisnu ika | ya nabda Sang Hyang Pramèsthi ||

11. hèh kaki Wisnwèku sapa | ya kang anèng wurinirèki linggih | Hyang Narada gya umatur | inggih yayi punika | ring kang linggih atmajanya Sang Hyang Wisnu | patutan lan Ni Mbok Mêdhang | malêrêk Sang Hyang Pramèsthi ||

12. saumengo ring lênggahnya | dahat runtikira Sang Hyang Pramèsthi | umadêg dera alungguh | agya lumêbwèng pura | jajanyabrit pratăndha yyan bramatya sru | Rêsi Narada wus wikan | yyan Hyang Guru lalu runtik ||

13. Narada saha nut wuntat | Hyang Pramèsthi bramêtyanya saywangling |[29] lah kakang wartiyèng Wisnu | agya konên umintar | amapaga ing jurite Watugunung | sutanya dira pundhuta | iyarsa ingsun patèni ||

14. ngong karya tawuring swarga | Hyang Narada lampahira gya bali | sarywangling

--- 22 ---

mring Sang Hyang Wisnu | lah apa ujar ingwang | marang sira nguni têkap ngatmajamu | têmah gagat runtik iya | iku nguni mêtwèng ngêndi ||

15. iku si baya raryapa | têkap tan tiba ring wot ogal-agil | lah kita Bathara Wisnu | agya kinèn lungaa | kita mapaga jurite Watugunung | kalawan mangkya sutanya | pinundhut ing sang Pramèsthi ||

16. kinarya tawuring swarga | yeka têmah rarya dahat tan kêni | pinarnah ing bêcikipun | sapa ri kang wanyaa | ring runtike Hyang Siwa Sang Wisnu muwus | lah dahat lênggana ingwang | yyan umapagèng ajurit ||

17. mila tan purun magut prang | ulun yyan pinundhut sutwèngwang siji | sayakti yyan ulun lampus | anglampahana karya | sapa ri kang gumantya sawuring ulun | muwah yyan ulun mênanga | lah sintên rowang amukti ||

18. milwèng ngong nglampahi karya | pan kawogan buktining sutarabi | yyan Srigati têmah lampus | ulun măngsa kantuna | tatar kêdah ngong muktya umadêg ratu | lêhêng ulun dhadhêkaha | anèng mêdyaning[30] wanadri ||

19. sok ugi silih uripa | sutèng ulun ri kang nama Srigati | Rêsi Narada gya muwus | yyan mangkana ling neka | yaktya umatura ring Sang Hyang Guru |[31] Hyang Narada gya umêsat | cundhuk ring Sang Hyang Pramèsthi ||

20. lingira lah suta kita | kaki Wisnu

--- 23 ---

langganèng mapag jurit | mêngsaha ring Watugunung | mila Wisnu lênggana | de sutanya ngaran Srigati kapundhut | pan dèrèng puput aturnya | kasaru gègèring jawi ||

21. aswara lok mungsuh prapta | apan kandhêg ing sajawining kori | têngran bêndhe munya ngungkung | têtêg pindha butula | swaraning sanjatanya lwir gunung rubuh | ya ta Sri Selaprawata | umangsêh mangantêp jurit ||

22. tandangnya lir singa barwang | mangajrihi wadya ing Gilingwêsi | saha swaranya manguhwuh |[32] hèh dewa mêtyanana | yyan kitajrih manglawan ing tandang ingsun | agya kita tumuruna | sraha tawan widadari ||

23. ing rika Hyang Girinata | kagyat saryangling swarèng apa iki | ring jaba umyang gumuruh | swara lwir gunung rêbah | Hyang Narada lingnya matur mungsuh rawuh | ya Sang Sri Selaprawata | umandhêg jawining kori ||

24. gumêtêr Hyang Girinata | dharodhogan ywa wak lambe kumitir | ring wêwangkongnya matarung | ring tyas tanpa rerehan | dahat gugup panglingira Sang Hyang Guru | lah kaya parehanira | kakang Narada ing mangkin ||

25. ri aturnya Hyang Narada | apwan tan wontên lèn yogyane yayi | mêhêng Sang Bathara Wisnu | ri kang yogya maguta | kadya kawawa amapag Watugunung | nangling yayi atur ingwang | yyan Watwagunung ngêmasi ||

26. ri kang dosa sinapura | kakya Wisnu saatmaja [sa...]

--- 24 ---

[...atmaja] mwang rabi | yyan pukulun tan asanggup | sayêktyèng suralaya | têmah rusak dera Sang Watugunung |[33] panjênêngan kita dewa | pasthi yyan abosah-basih ||

27. dahat gumêtêr angganya | Sang Hyang Guru gugup sabda wor wêdi | lah inggih kakang ngong anut | ri sakarsaanira | lah atagên agya suta ngong Ki Wisnu | iya mapaga ing ayuda |[34] yyan Watugunung ngêmasi ||

28. sadosanya ngong ngapura | kakya Wisnu madêga nata malih | sanadyan si puraningsun | praja ing suralaya | dèn mintaa apan iya ingong asung | sok Watyagunung matyaa | gya ngong lêboknèng yêmani ||

29. sigra ta Sang Hyang Narada | gya malaywani ring Sang Wisnu aglis | lah mara gya kaki Wisnu | kita mangsa ayuda | sok parastraa maraja Watugunung | sadosanya ngapura |[35] dera sudurmanirèki ||

5. Durma

1. Ling Hyang Guru sok Watugunung pêjaha | sadosanya ring nguni | apan ingapura | dera Hyang Girinata | muwah saha suta rabi | lan sira uga | madêga nata malih ||

2. Bathara Wisnu lingnya apan sandika | ulun inggih nglampahi | sakandika nata | nadyana têmah pêjah | datan nêdya anggingsiri | mugya angsala | pangèstwa Hyang Pramèsthi ||

3. nulya umangsah agya Sang Wisnu nata | lan suta ran Srigati | mêdal ing ranăngga | sang Sri Selaprawata | umandhêg [uma...]

--- 25 ---

[...ndhêg] jawining kori | saha sêsumbar | manantang ing ajurit ||

4. hèh dewa lah iya kapwa mêtwanana | papagên tandang mami | yyan awêdya kita | lah kapwa manungkula | mumpung durung ngong unggahi | ing suralaya | lah tawanira êndi ||

5. gya prapta ayun-ayunan Wisnu mojar | hèh ratu Gilingwêsi | ngong palangi sira | angrusak suralaya | cilaka pa dira panggih | kadya wa kita | pan wus madêg nêrpati ||

6. dènirarsa angrusak ing dewanira | karya jlajating bumi | kalawan akarya | rêngkaning suralaya | duraka pa dira panggih | kêna tan kênaa |[36] kita ngong palangi |[37]|

7. kagyat sang Sri Selaprawata miyarsa | ana swara dumêling | iya kita sapa | dènyawèh swaraningwang | ngatona sun arsa uning | Hyang Wisnu nata | tumulya ris dera ngling ||

8. iya wruhanya ngong dewa suralaya | Hyang Wisnu ngaran mami | ya ta sri narendra | Raja Selaprawata | gumuywa atukup lathi | raganya kita | kang magut yudèng mami ||

9. ingong sidhêp ta kita dudu jawata | raganya amêtoni | lah ta mangkya kita | yyan saèstu jawata | ngatona iku ling mami | yyan dudu dewa | kita ayya kaaksi ||

10. gya ngatingal Bathara Wisnu ing ngarsa | Prabu ing Gilingwêsi | ling suka guywanya | Sang Sri Selaprawata | yeka ya tar mangajrihi | kadya manusya | rupane dewa iki ||

11. apan tan ulap ingsun mungsuh ing

--- 26 ---

sira | wus kagêm ngastèng mami | lah sapa ngaranya | dewa ing suralaya | Hyang Wisnu sigra nulya ngling | yyan tanbêh kita | iyèngsun Wisnu Murti ||

12. mojar Sang Sri Selaprawata lah iya | kita jurit lan mami | eman ri bagusnya | bilih sinombagêna |[38] eman payah warna pêkik | yyan kita aprang | wêwah karingêt mijil ||

13. yyan kita sukwèng tyas payo cêcangkriman | kala kalawan mami | lah kita jawaba | mangkya cangkriman ingwang | yyan kajawab iku mangkin | dening ing kita | lah patyanana kami ||

14. ya sêsuwakên angganingwang sadaya | pêgatên cêngêl mami | kita padha tia | yyan sira tan anjawab | marang cêcangkriman mami | dewa ing Sura- | laya nungkulèng mami ||

15. mwang apsari ngong turunakên sadaya | kagrahaa ring kami | saksana ris mojar | Sang Hyang Wisnu Bathara | lah ucapêna tumuli | cangkrimanira | ngong jawabe samangkin ||

16. agya manabda Sang Sri Selaprawata | iki cangkriman mami | ana wit adhakah | ya adhikih uwohnya | woh adhakah wit adhikih | kita jawaba | iku cangkriman mami ||

17. anauri angling Sang Hyang Wisnu Nata | iy uwit adhikih |[39] uwohe adhakah | apan iku samăngka | iya kang awoh adhikih | uwit adhakah | apan iku Waringin ||

18. Sang Sri Selaprawata anglês rikang

--- 27 ---

tyas | umênêng tan kêna ngling | angraos kajawab | rikang cêcangkrimannya | Bathara Wisnu mangkya ngling | lah dèn prayitna | sira têka ing jangji ||

19. Bathara Wisnu sigra mangagêm cakra | nata ing Gilingwêsi | anuli cinakra | manduk ring jăngga pêgat | maniba wus angêmasi | gya sinasêmpal | angganya pinadhati ||

20. ri sampuning pêjah Sri Selaprawata | pratiwa kwèh wus gusis | umantuk sasaran | dahat takut ring kang tyas | aganya ya Sang Nrêpati | uwus winawa | umunggah ring swargadi ||

21. wus ingunjukkên ing Sang Hyang Giri Nata | punika wangke aji | Sri Selaprawata | pêjah têka ing ingwang | awaknya wus kapêdhati | kawnangnya prang |[40] tan alah ing ajurit ||

22. apan kawênang têka ing cêcangkriman | kabukwèng ulun uni | cangkriman sang nata | suka Hyang Giri Nata | ri sapêjahnya nrêpati | Rêsi Narada | lalu saharsèng galih ||

23. dyan warnanên ing nguni dyah ngaran Sinta | ri parastraning laki | tatarsah mangarang | dina ratri karuna | rikang tansèng anèng tangis | muhung kakungnya | Sang Sri ing Gilingwêsi ||

24. ri tangisnya sah akarya gara-gara | mêndhung galêdhêg muni | jawah salah măngsa | lesus gêng păncawura | mawor swarèng mènggung ardi | gugur lorodan | muntab agni lwir warsi ||

25. myang sela têmpuh mawalikan mring wiyat | agninya angajrihi | lindhu wor prahara | umob [umo...]

--- 28 ---

[...b] wening samodra | grahana surya myang sasi | pêtêng limunan | kilat wor saha thathit ||

26. anglêwihi gara-gara madyapada | suralaya gêng prapti | rikang bayu bajra | ing swarga kaleberan | ing toya lêwih ngajrihi | ing Parewarna | gègèr kang widadari ||

27. myang naraka umob lir pendah kinêla | uwot si ogal-agil | êndhut brêgadaba | kawah Căndrabinuka | ambèr naraka ngajrihi | dening prahara | lwir grah prahara muni ||

28. karananya widadari-widadara | gègèr tan wrin ingungsi | myang para jawata | samya mabilulungan | lalu laraning prihatin | dahat tan ana | têntrêm lunggwèng ing panti ||

29. panyiptèng tyas kinêlêm ing suralaya | ing dewa kang linêwih | Sang Hyang Giri Nata | samanya mahêm rêmbag | lawan Hyang Narada singgih | myang para dewa | Sang Hyang Pramèsthi angling ||

30. lah apa kakang kang mawa gara-gara | ing swargaloka iki | dening lwir kinocak | kakang ing suralaya | apa ta wadinya ugi | Rêsi Narada | gya matur Hyang Pramèsthi ||

31. wontên yogyaning ulun ing marcapada | lalu lara prihatin | apan garwanira | Sang Sri Selaprawata | dina ratri saha nangis | dyah ngaran Sinta | ri sapêjahing laki ||

32. apan punika kang mawa gara-gara | Sang Hyang Pramèsthi angling | lah yèn mangkanaa | kakang gya turunana | yoganing [yo...]

--- 29 ---

[...ganing] ulun kang nangis | dyah ngaran Sinta | ayya sangêt prihatin ||

33. kita waraha yyan lakine wus gêsang | uwus aywa akardi | rusak suralaya | kitatag umênênga | ya ta umêsat tumuli | Rêsi Narada | mara ring Gilingwêsi ||

34. tan adangu Rêsi Narada wus prapta | ing prênah kang rudatin | yeka Dèwi Sinta | dina ratri karuna | Rêsi Narada sigra ngling | kita mênênga | nini ywa kita nangis ||

35. yya kita kartya baknèng suralaya |[41] yèn tan umênêng nangis | nini dewanira | tansah abilulungan | yèn kita tansah akingkin | yêkti pra dewa | myang gandarwo kwèh agring ||

36. apa ri kang dadya rudatin ri kang tyas | apan lakinya nini | ya sabdaning dewa | Sang Sri Selaprawata | apan iya urip maning | taman parastra | prabu ring Gilingwêsi ||

37. Dèwi Sinta kagyat miyarsa ring swara | umênêng manangisi | gya lon ya lingira | sapa ya asung swara | ri sauri kang mawèh ling | wruhanya ingwang | dewanya ya nuruni ||

38. marma nurun dènira lara karuna | de laki kita mati | sèstu taman pêjah | ya Sang Selaprawata | apan ri mangkya rip maning | ana ing swarga | iku antinên nini ||

39. ing sandina rong dina antinên iya | lagya kita pan prapti | ya ta Dèwi Sinta | ilang rudatining tyas | ring uriping ring kang laki | pajaring dewa | mila eca kang galih ||

--- 30 ---

40. uwus ilang Narada kang masêwara | ya mring kayangan malih | apan uwus sirna | kyèh ri kang gara-gara | ri kang swarga mulya êning | dyan Dèwi Sinta | dahat dera ya nganti ||

41. apan uwus praptèng ubaya rong dina | tri dina taman prapti | lakinya Dyah Sinta | ni Sinta liring kang tyas | kakya dewa kang nuruni | wênang andora | dewa ring mangkya iki ||

42. baya amrih mênênga panangis ingwang | bisa ngarêmi ati | linging dewa apa | tan kêna kagêgaa | gya sang Sinta malih nangis | apan aniba | munggwing ring tilam malih ||

43. kapwa sadhela ya praptèng gara-gara | pan lêwih ingkang nguni | myang ing suralaya | lêwih sing madyapada | kang apsari sêdhih kingkin | myang dewanggana | tanbuh polah pan wingwrin ||

44. Hyang Pramèsthi manabda ring Hyang Narada | lah kadya apa mangkin | kakang ri kèng karsa | bagnaning swarga ya |[42] punapa ri kang amawi | Sang Hyang Narada | lingnya umatur aris ||

45. yogyaning guru kang anèng madyapada | apan anangis malih | yeka Dèwi Sinta | nêkakkên gara-gara | rèhing laki datan prapti | lamun sêmbada | lan yayi Hyang Pramèsthi ||

46. ingkang mangaran Sri Selaprawata |[43] inguripna malih |[44] darapon aywaa | lah ingaranan dora | sapa ri kang ngandêl benjing | sakyèhing dewa | yèn padha goroh mangkin ||

47. ing saèstunya [sa...]

--- 31 ---

[...èstunya] Raja Selaprawata | yèn tan uripa malih | pan măngsa kartaa | praja ing suralaya | dêlingnya Sang Hyang Pramèsthi | saha karsanya | kakang uripna malih ||

48. gya lumampah sira Sang Rêsi Narada | mring gwan sang pinadhati | ya ta kang pralaya | Sang Sri Selaprawata | Rêsi Narada lingnya ris | muga èstua | kita aurip malih ||

49. iku pangandikane Hyang Girinata | ya ta wus urip malih | wau sri narendra | Sang Sri Selaprawata | apan wus tata alinggih | Sang Hyang Narada | angling wacana manis ||

50. alah uwus ta kaki kita muliha | mring madyapada malih | yêkti kita ngantya | marang ing swaminira | gya dadyaa nata malih | bau dhêndhaa | kita nèng Gilingwêsi ||

51. tumulyangling Sang Raja Selaprawata | turênèng pangastuti | ningwang mring Hyang Gurwa | apan kita lênggana | yèn ingulihêna malih | mring madyapada | apan iku kabalik ||

52. ulun iki uwus umanjing ing swarga | yèn ta muliha malih | marang madyapada | dadya tanpa wêsana | lawan ulun minta malih | nadyan giringwang | ingunggahênèng swargi ||

53. yèn tan lawan sasanak ulun sadaya | sarta lan rabi mami | ulun sru lênggana | de kyèhing sanak ingwang | tigang dasa lawan mami | inggih punika | ngong têdhèng Hyang Pramèsthi ||

54. ulun têdha sadaya munggah ing swarga | anunggala lan mami | dyan Rêsi Narada |

--- 32 ---

warah Hyang Girinata | Watugunung wus katari | apan lênggana | yèn umuliha malih ||

55. nadyan swarga yèn tan lawan sasanaknya | myang yayah lawan rabi | mapan dahat wiang | lan malih kang tinêdha | kadang tigang dasa sami | minggaha swarga | angling Sang Hyang Pramèsthi ||

56. yèn mêngkono Si Watugunung awangkal | taman mamrih abêcik | angling Hyang Narada | aywa runtik andika | mring Watugunung ing mangkin | yèn bramatyaa | tan wontên anadhahi ||

57. Si Watugunung apan kadya jawata | urip tan kêna mati | yèn ika krodaa | pasthi abot kang săngga | Hyang Pramèsthi lingnya inggih | ngong nurut ri sa- | karsanya madu gêndhis ||

6. Dhandhanggula

1. Ya unggahêna ing swarga mangkin | sadulure tigang dasa pisan | ing pêndhak Dite lakune | yèku ing purwanipun | wontên wuku tigang dasèki | inggih sadulurira | ya Sang Watugunung | ri sampunira mangkana | Sang Hyang Guru umantuk ing swarga malih | jumênêng adilira ||

2. Sang Hyang Narada matur lingnya ris | ari Guru suta pakanira |[45] Ki Wisnu paran wêkase | apan karyane sampun | anglakoni ayahan jurit | yèn sêmbada ing kita | apênêd tinurun | nakên saha samineka | jumênênga ratu madyapada malih | ika ri sambadanya ||

3. ing rikèng madyapadèku [madya...]

--- 33 ---

[...padèku] benjing | yèn kita ari tan nanêmana | suta putu kita dhewe | yêkti cupêt ing besuk | panjênêngan kita nrêpati | apan ing tanah Jawa | yêkti ara-uru | Sang Hyang Guru sigra mojar | ya abênêr kakang lingira ring kami | tatar ana salahnya ||

4. lah agya kakang turuna aglis | suta kita Ki Wisnu Bathara | ing madyapada ring make |[46] saha suta swamèku | ya umadêgêna nrêpati | nanging aja manusya | ratuning lêlêmbut | ri Măncawolu puranya | ring kang dhinghin iya ing gunung Marapi | kapindho Pamantingan ||

5. kaping tri ing Kabareyan iki | kaping caturnya ya ring Lodhaya | lan malih kaping pancane | iya Kuwu balêdhug | kaping sade Sapta Waringin | sapta Tanu Landheyan | kaping asthanipun | iya ri kang aran Roban | wruhanira iku purane ing benjing | Wisnusuta putunya ||

6. angling wêkas ingong kita benjing | iya ri sawuri wuriningwang | suta putu kita kabèh | ri kang umadêg ratu | ning lêlêmbut manuta benjing | ya ring suta putunya | ratu manusyèku | iya pa sapakartinya | dèn êtuta aywa ta iku dèn dohi | myang yèn amanggih karya ||

7. lah Kya Wisnu tumuruna kaki | myang sutaningsun Bathara Brama | turuna mêdyapadane |[47] kita madêga ratu | ngadhatona ring Gilingwêsi [Giling...]

--- 34 ---

[...wêsi] | lah gumantyaa kita | Risang Watugunung | kita nêdhakêna nata | nusya Jawa tumulya samya ngastuti | têdhak mring madyapada ||

8. nèng madyapada wus madêg aji | Bathara Wisnu dadya narendra | siniwi lêlêmbut kabèh | muwah Hyang Brama uwus | madêg ratu sujalma nênggih | Gilingwêsi puranya | nusya Jawa nungkul | ri sampuning lama-lama | apêputra sang prabu pan miyos èstri | Ni Bramani kang nama ||

9. Ni Bramani Tri Trustha putrèki | Tri Trustha aputra Parikênan | Sang Parikênan putrane | Manumanasa iku | Sang Manumanasa putrèki | aran Satrukêm[48] ika | Satrukêm asunu | Sakri namaning atmaja | Sang Hyang Sakri Palasara putranèki | Palasara aputra ||

10. Bagawan Biyasa ya putrèki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nagarane | wus alama asunu | Sang Arjuna ingkang kêkasih | sang Arjuna pêputra | nama Abimanyu | samana pralinèng rana | tilar grêwa anuju sêpuh garbini | miyos jalu kang putra ||

11. Ajêjuluk Raja Parikêsit | iya ing Ngastina prajaneka | Sang Yudayana putrane | Yudayana asunu | Gêndrayana ingkang wêwangi | aputra Jayabaya | sirna nêgarèku | Sang Jayabaya pêputra | ya kang nama Jayamijaya putreki | putra Jayamisena ||

12. Jayamisena [Jayami...]

--- 35 ---

[...sena] putranirèki | kang mangaran Kusuma Wicitra | Ki Citrasoma putrane | Citrasoma asunu | Păncandriya ri kang wêwangi | aputra Anglingdriya | punika asunu | Sang Raja Suwelacala | pan jumênêng narendra ing tanah Jawi | iya Purwacarita ||

13. Raja Selacala iku nênggih | apêputra Sri Mapunggung ika | Jugul Mudha pêpatihe | Sri Mapunggung asunu | Kandhiawan ingkang wêwangi | apêpatih Konthara | Konthara puniku | iya anak Jugul Mudha | Kandhihawan lêlima putranirèki | Ki Panuhun pangarsa ||

14. karêmêne rêke among tani | dadi ratuning wong tani ika | awisma ana Bagêlèn | Sandhanggarba panggulu | karêmêne adagang nênggih | dadya ratu sudagar | Japara wismèku | panêngahe Karungkala | karêmêne saba wana apan dadi | tuwaburu ratunya ||

15. ing Parambanan wismanirèki | iya iku ta Sang Ratu Baka | Tunggul Mêtung sumêndhine | adèrès rêmênipun | dadi ratu wong karya nguni | Rêsi Gathayu ika | nênggih kang wuruju | arêmên saba paseban | pan jumênêng ratu ing Koripan nênggih | agêntèni kang rama ||

16. sakathahe sanak papat iki | sami asrah buluwêktinira | glondhong pangarêng-arênge | maring Rêsi Gathayu | kang jumênêng Koripan nguni | Rêsi Gathayu ika | lêlima kang sunu | pambayun Rara Sucian | iya Kili

--- 36 ---

panggulu Miluhur singgih | iya Natèng Janggala ||

17. panêngahe Lêmbu Pêtêng nênggih | iya iku ta Sang Natèng Daha | Lêmbu Pangarang arine | iya kang dadi ratu | ing Gêgêlang kalane dhingin | ni ragil Srêgiwangsa | pan akrama antuk | nênggih Lêmbu Amijaya | kang jumênêng ratu anèng Singasari | duk Jawa pinănca pat ||

18. Lêmbu Miluhur aputra Panji | ingkang dadi wau somahira | Kèn Căndrakirana rane | putri Daha kang sêpuh | Radèn Galuh pêparabnèki | Radèn Panji pêputra | Da Laleyan iku | jumênêng ing Pajajaran | nulya putra Rahadèn Banjaransari | anuli apêputra ||

19. akêkasih Radèn Mundhingsari | Radèn Mundhingsari apêputra | Radèn Mundhingwangi rane | Mundhingwangi asunu | gih Sang Ratu Pamêkas nênggih | punika apêputra | Arya Bangah sêpuh | tinandur ing Galuh ika | Ki Sêsuruh ginadhang jumênêng aji | anèng ing Pajajaran ||

20. datatita jênênging nrêpati | Pajajaran nênggih kang winarna | wontên kang tinutur malèh | wontên jênêngan wiku | atêtapa anèng ing ardi | kilèning Pajajaran | prênahe dhêdhukuh | anama Ajar Sêpaka | patapane lè[49] kilèn sangking ing ardi | gunung ing Pajajaran ||

21. apan uwus kalokwèng praja lwir | yyan Ki Ajar dasdik[50] [dasdi...]

--- 37 ---

[...k] ing paningal | wruh sadurunging binadhe | pan wus katur sang prabu | yèn Ki Ajar koncara tasdik | samana sri narendra | ngandikasmu bêndu | dhatêng rêkyana apatya | hèh apatih ingsun akarsa yêktèni | mring Si Ajar Sêpaka ||

22. lah agya pasangana tumuli | ya pawèstri sêsêngkêran ingwang | dèn kadya wawrat tingkahe | wus kapasangan wau | apan bokor kinarya sandi | kinayutakên têngah | sininjangan sampun | saha kasêmêkanira | wusnya samar wus pindha dyah anggarbini | sang nata gya umojar ||

23. lah uwis umangkata dèn aglis | iku parakênèng Si Sêpaka | nulya ge kita kombadhe | jalu myang èstrinipun | yèn kajawab dera wèh sandi | satuhu yèku awas | ran Sêpaka Wiku | saèstu lih sihing dewa | gya umangkat apatya datan kawarni | ring awan uwus prapta ||

24. ring ngarsanya ki ajar tumuli | rêkyana patya sigra angatag | ambadhea bêbêktane | ki ajar gya sumaur | asmu sêndhu saurirèki | hèh kiyai andika | dahat tambung laku | apan ingong iki mudha | dahat tan wruh ambadhya garbini iki | pan kadya rare kita ||

25. kya apatih sangêt dera mrêdi | hèh ki ajar andikaning nata | aja ora dira badhe | jalu lan èstrinipun | kae

--- 38 ---

ajar kaku ring galih | dadya wêkasan mojar | apa ta satuhu | sang nata ngayoni ringwang | hèh apatih iya turênèng nrêpati | iku ngong badhe lanang ||

26. lêwih sukwèng tyasira apatih | sigra apamit saksana bubar | datan kawarna lampahe | prapta ngarsa umatur | mring Sang Nata rêkyana patih | inggih sampun binatang | wawratan yèn jalu | sang nata pan lêwih suka | sahya mojar si ajar tasmak dhêdhingklik | dening apaksa awas ||

27. sêsêngkêran wus binaktèng puri | saha busana wus ingalapan | sêmana èstu wawrate | wus katur ing Sang Prabu | yèn kêkasih sri narapati | kang sangking pangajaran | èstu wawratipun | Sang Nata bêndu kalintang | lanyap bae si ajar arsi ngayoni | marang ing jênêng ingwang ||

28. ya ta sêmana kinèn mêjahi | ki ajar apan wus pinêjahan | tinumpês anèng dhepoke | sapêjahe sang wiku | ana swara kapirsa nguni | swara tan katingalan | sojaring swarèku | hèh Sang Ratu Pajajaran | wruhanira ingsun amalês ing benjing | marang ing jênêngira ||

29. benjing yèn ana janma kêkasih | Siyung Wanara ngarane ika | ring kono ingong anagèh | iya marang sirèku | sri narendra gya anauri | hèh ajar kapan sira | praptèng

--- 39 ---

ngarsaningsun | aja bènjang mêngko sira | auripa pan ingsun tan nêdya gingsir | swara ika wus ilang ||

30. yeka purwèng nguni kang nêgari | Pajajaran kêna ring musibat | pan asangêt gêgêringe | gêring sore suk lampus | gêring esuk sore ngêmasi | rusaking wadyabala | sang nata sira sru | rudatin tyasnya kalintang | dènnya sare naritis wus tigang sasi | tan kêna sinewaka ||

31. juru ujum[51] sigra dèn timbali | juru tênung myang tabid bujăngga | wusing ngandikan sakèhe | lah paran wêkasipun | balaningsun pan akèh mati | punang juru sadaya | matur ring sang prabu | punika gampil kewala | têtambane wawêlêking nagari |[52] kita dhahar nayuba ||

32. sawuse kita luwaran bukti | kita asareya lan wanodya | pêsthi sirna gêgêringe | nanging rêke sang prabu | kita darbe sêsukêr malih | kawrat ing manah kita | sang nata lingnya rum | kaya pa sêsukêr ingwang | juru matur kita benjing andarbèni | putra miyos ngampeyan ||

33. miyos jalu putra paduka ji | amêjahi dhatêng ing sang nata | sampun pinasthi jangjine | pan paduka pukulun | amêkasi jumênêng aji | anèng ing Pajajaran | kewran sang aprabu | dadya amicarèng nala | arsa nora aluwaran ingsun iki | manawa wêdya têlas ||

34. sun lakoni ujare [ujar...]

--- 40 ---

[...e] si tabid | ingsun mati dening sutaningwang | nanging mohal ingarahe | bapa mati mring sunu | lan sakèhe lêluhur mami | têka ing Nabi Adam | tan ana kayèku | anging ingsun kang pinêca | bok iyaa ingsun anglakoni jangji | sok bala ngong mulyaa ||

35. wus atuwa sêdhêng ingsun mati | anglakoni ujaring wirayat | wus tuwuk ingsun kamuktèn | nanging sapungkur ingsun | balaningsun mulyaa sami | ingsun akarya tilas | mring suta lan putu | tulusa jumênêng nata | aneng Jawa ing satêdhak-têdhak mami | panêdha ngong ing dewa ||

36. sapingsore suta putu mami | ayya pêgat mêngku nusa Jawa | ing benjang maria rêke | dhatêng dina kang kantun | ri saksana sri narapati | nulya sira luwaran | dènnya mangan nginum | ya ta wuru-wuru dawa | èsmu supe sang nata sare lan èstri | kang binadhe ki ajar ||

37. wawratan nom katêdhakan yêkti | rahsya mulya sang dyah saya lama | wawratan dhatêng êlèke | ambabar miyos jalu | nulya katur mring sri bupati | sang nata angandika | apa baya iku | tinêrka mêjahi ringwang | maring ujum nulya sira jabang bayi | agya pinakan upas ||

38. myang tri boboke lèngèk drubasi | jabang bayi pan ora

--- 41 ---

tumama | sang nata asru bêndune | karsanira sang prabu | jabang bayi dipun sêsuwir | apan êmban lan inya | matur ing sang prabu | lah gusti sampun mangkana | dadya paran kapirsaa lyan nêgari | kita makucêm bala ||

39. yèn sang nata akarsa mêjahi | agampil tur tan ana miyarsa | sang nata pangandikane | inya paran karsèku | ing patine rareku mangkin | pun inya atur sêmbah | suwawi sang prabu | rare alit tinabêla | binucala ing kali Karawang nênggih | gusti agêlis pêjah ||

40. sri narendra sigra angling aris | iya bênêr iku ujarira | rare tinabêla age | sigra nuli linabuh | dhatêng kali Karawang singgih | jabang bayi mring toya | blas datan kadulu | katut ing banyu Karawang | sampun mantuk kang nglabuh warnanên malih | ki buyut ing Karawang ||

41. kyai buyut mancing pinggir kali | ing Karawang kagyat sira mulat | teja awêning cahyane | kadi wulan sumunu | kyai buyut angling ing ati | lami ngong saba toya | pan durung andulu | ing cahya kang kaya ika | kyai buyut nuli sira marêpêki | aningali tabêla ||

42. pan kasangsang ing bêbara nênggih | kang tabêla ki buyut anyandhak | duk binuka isi rare | cahyanipun sumunu | ênting bagusira nêlahi | pra wadana lwir wulan | purnama dinulu | sira

--- 42 ---

ki buyut garjita | pan sumingêb ing panon sira ningali | mring jabang bayi ika ||

43. kae buyut angling jroning ati | rare iki kang anèng tabêla | pantês trahing kusumane | dening tuhu abagus | kaya dudu sutaning cili |[53] ya ta wus tinutupan | gya binakta mantuk | sinungakên rabinira | Nyai Buyut wantuwong nora nganaki | ing mangke manggih putra ||

44. tur abagus cahyane lwir sasi | nyai buyut lintang sukanira | dinadah dulang suk sore | saya lami winuwus | ya ta agêng kang jabang bayi | wayah sampun diwasa | takèn ramanipun | sapa sintên kang ayoga | ing manira kyai buyut anauri | iya sun bapakira ||

45. rajasunu tan rêna sira ngling | pan jamake manuk punika |[54] sarupa lan bapakane | kita kalawan ulun | apan beda sarupa mami | Kyai Buyut Karawang | èmêng ing tyasipun | wasana sira gya mojar | iya sira anak ingsun dhewe kaki | raja sunu tan rêna ||

46. kyai buyut amicarèng ati | bok iya ingong agawe dora | darapon lêgaa tyase | aris wijiling wuwus | lah Ki Jaka nak ingsun kaki | yèn kita nora rêna | ing panêbdaningsun | ingsun duwe pawong sanak | atêtapa anèng wana

--- 43 ---

pan winasis | petangan ujum ramal ||

47. lan wruh sadurung winarah kaki | iya nyawa payo pinaranan | takènana sabênêre | Ki Jaka lingnya muwus | lah anêdha pinaran kaki | wong sanak pakanira | dyan samya lumaku | tan asuwe nulya prapta | sirèng wana kae Jaka aningali | paksi awarna-warna ||

48. kae Jaka sira angling aris | kaki buyut punapi punika | kang lwir manasya[55] warnane | angingkrang linggihipun | kyai buyut ika nauri | ingaranan wanara | Ki Jaka amuwus | lan maninge ika apa | kang anèng pang manuk jamang dening lêwih | bagus kaki rupanya ||

49. kyai buyut ika anauri | paksi siyung arane punika | Ki Jaka aris wuwuse | yèn mêngkono ki buyut | sun angalih aran ing mangkin | iya Siyung Wanara | kaki aran ingsun | ki buyut ngamini sira | ya ta ngucap Siyung Wanara lah ngêndi | wismane sanakira ||

50. kyai buyut èmêng ing jro ati | dening kabutuh dènnya adora | dadya amicarèng tyase | lah bok iyaa ingsun | sun salimpangênèku malih | rare măngsa wêruha | dadya sira muwus | bagus pasanakan ingwang | uwus ngalih sangking ing wana ing riki | awisma anèng praja ||

--- 44 ---

51. pagaweane apandhe wêsi | karsa sanjatanira sang nata | ing Pajajaran ing mangke | Siyung Wênara wau | sakalangkung bungahing ati | miyarsa tuturira | kang rama Ki Buyut | dening angucap Sang Nata | Pajajaran Ki Jaka rêsêping ati | angrasa wruhing praja ||

52. kae Jaka anulya ling aris | lah anêdha ta jinujul pisan | sanakira iku mangke | pangrasane tiningsun | kaya rêke nora atêbih | wismane sanakira | lan sudarmaningsun | ya ta sira sami mangkat | wong kêkalih saking ing wana sira glis | sampun prapta ing praja ||

53. nulya dhatêng kapandhean aglis | kyai êmpu kapanggih alênggah | ana ing pabusalène | lagya pêpandhe wau | nulya sira anapa aris | kakang dawêg katuran | ing sarawuhipun | lwir ulam srambahan toya | tyas kawula kadya katibanan sasi | ing sarawuh andika ||

54. baya wontên karya kang agati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul myang linggise | tatah pêthèl lan wadung | lading gobang pangot lan sêngking | pencong wangkil lan jara | wêdhung miwah prêkul | kawula dhatêng sumăngga | pan akathah kagêngandika[56] puniki | myang warni dhuwung pêdhang ||

55. pan akathah ingkang warni-warni | yèn pundhutên kawula sumăngga | tan [ta...]

--- 45 ---

[...n] angraosa dêdarbe | angling kiyai buyut | lah anêdha manira yayi | ingsih pracayanira | yayi praptaningsun | taha nêdhaa dandanan | apan boya mila sun prapta ing ngriki | angatêr anak para ||

56. arsa panggih kalawan sirèki | anak para Ki Siyung Wanara | kyai pandhe wruh sêmune | ingsun tinggal puniku | datan sun prih anambut kardi | dimon tutug dêdolan | ing sakarsanipun | Kyai Buyut ing Karawang | nulya mantuk tan warnanên sampun lami | Jaka Siyung Wanara ||

57. tumut sêsinau pandhe wêsi | aparon dêkung apukul tangan | asêsupit jarijine | sakyèhing para êmpu | apandhean cingak ningali | maring Siyung Wanara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasasra[57] | sanêgara yèn ki êmpu putranèki | asêkti mahambara ||

58. lan baguse lêwih ingkang warni | anglir dewa Hyanghyang Kamajaya | apêkik anom dhasare | sumrêg kathah wong rawuh | ananonton ing sang apêkik | sakèhe kang tumingal | ras-arasên mantuk | wanèh ana nginêp pisan | kang sawanèh ana milu nglêladèni | gènnya pandhe Ki Jaka ||

59. sêsêk jêjêl kang wong nêningali | kang tan antuk ing panggenanira | mêmènèk kayon bae |[58] pagêre kyai êmpu |

--- 46 ---

lêbur dene wong nêningali | rusak pawismanira | tanêm tuwuh gêmpur | ki êmpu lingira ngucap | ing wong kathah sadayane kang ningali | padha wèha balănja ||

60. kang somahan padha sun jaluki | ngalih reyal răngdha tigang reyal | walanjar patang reyale | kang parawan puniku | pitung reyal sun jêjaluki | dhudha lawan pra jaka | sami ngênêm suku | sakathahe kang tumingal | ananggupi nini-nini dèn jaluki | wong roro sangang reyal ||

61. lan nyênyamikane aywa kari | wong sijine sami nyarampadan | bêborèh lan sêkare |[59] myang damar malamipun | lamun dalu obor nyatunggil | samya sanggup sadaya | malah samya muwus | manawi wontên pundhutan | saliyane dika ucapakên malih | eca abudidaya ||

62. wus alami Ki Jaka ing mangkin | sêmana arsa dhatêng ing pasar | ki pandhe ngampah karsane | sira midhanga esuk | lamun barêng kalawan mami | sarya dol kalithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing sêmaya | nulya mêdal ing lêlurung sang apêkik | paranipun mring pasar ||

63. kae Jaka ika ya mulat ing | gajah ginuyang Ki Jaka tanya | bapa ika pa arane | ingkang agêng ngragunuk | kae êmpu [ê...]

--- 47 ---

[...mpu] sira ling aris | bagus ika ran gajah | wahananing ratu | ri kang liman gya umulat | mring Ki Jaka doh pinalaywanan aglis | prapta mêndhak ing ngarsa ||

64. tulalya sahya tininggil-tinggil | yyan janmaa gajah ika ngucap | dhuh gusti ngwang kita anggèr | lah yogya sang abagus | manitiha ing gigir mami | lah dawêk ulun bêkta | malêbèng kadhatun | cundhuka ing yayah kita | uwus pêsthi ing dewa kita gêntosi | nata ing Pajajaran ||

65. gya ingusap gadhing ri kang èsthi | iya maring sang Siyung Wanara | ri sampuning ngusap rêke | Ki Jaka nulya mantuk | kang wong sami cingak mulat ing | Risang Siyung Wanara | ri satingkahipun | ki êmpu atêbah jaja | dahat ajrih lingira sahasmu tangis | dhuh sutèng ulun nyawa ||

66. lah pagene kita wani-wani | dadya apa yyan kadêngana |[60] mring sang nata kita anggèr | pasthi dadya sapikul | mukanira kalawan mami | ênêngakêna sira | kocapa Sang Aprabu |[61] ing Pajajaran sineba | dening bala angadu wong prêrang tandhing | galaganjur kang munya ||

67. piniyarsa ngrêrantêg ngrêrangin | saha suraknya mangambal-ambal | Ki Jaka amit ngramane | pan akarsa andulu | mring paseban wong aprang tandhing | ingampah datan kêna | mring rama ki êmpu | nanging Ki Siyung Wanara | dahat mêksa [mê...]

--- 48 ---

[...ksa] ki êmpu sangêt malangi | lah bagus aywa lunga ||

68. tanbuh nyawa kang sira tingali | dudu layak tongtonaning bocah | yèn ratu kasukan rêke | wawag kunêng ing kewuh | apan sira mêksih acili | durung wruh ing dêduga | angling sang abagus | ngong palangana malumpat | ingong bapa dhadhungêna mêdhot mami | Ki Jaka sigra kesah ||

69. kapiyandhêm palayunirèki | Siyung Wanara dhatêng pasowan | ya ta dhatêng tan asuwe | ing prênahe Sang Prabu | nulya sira jajar alinggih | lawan sri naranata | pan tan ana waruh |[62] Siyung Wanara tumulya | mring kadhaton kandhêg bale sawo nênggih | rêmên sira tumingal ||

70. apan ta bale sawo ing nguni | yèn ginêpok kadya gong sarancak | punika gangsa ginawe | ya ta sang rajasunu | duk alinggih ing bale adi | umunging swaranira | wau sang aprabu | eca dènira kasukan | kagyat mirsa lamon bale sawo muni | kwèhing bala garjita ||

71. lawan gègère sakwèh wong puri | amiyarsa bale sawo munya | sang nata duka dan linge | hèh sapa purun-purun | anggêpoka ing bale mami | hèh mantri jêro sira | lah cêkêlên gupuh | kang ganggu kagungan ingwang | miwah kapêdhêk milua anyêkêli | sigra samya

--- 49 ---

malaywa ||

72. sigra prapta jro bale tumuli | Siyung Wanara kapanggih sira | sêsareyan anèng balèng | ya ta agya tinubrug |[63] cinêkêlan ing para mantri | jêro miwah kapêdhak | kêbêk sarirèku | ya ta Ki Siyung Wanara | gya akirig saha apêtak sira glis | mantri pating palêsat ||

73. samya têmpuh wak rowangirèki | ana putung suku balungira | wanèh kang rêmêk igane | sêmpal baunirèku | ilat mele[64] mata mundêlik | ana pêcah mukanya | wanèh ana lampus | sakarine ingkang pêjah | pan malayu ya ta ngungsi ring nrêpati | samya tur pêjah gêsang ||

74. sri narendra ngandikasmu runtik | kang ana ring baleningwang ika | bocah ngêndi pangakune | inggih ingaturanipun |[65] kapandhean wismanirèki | anake êmpu lurah | wau sanggupipun | ya ta ngandika sang nata | lah timbalana si êmpu lurah aglis | ki êmpu sigra prapta ||

75. sri narendra sigra dènirangling | hèh pandhe sapa kang duwe anak | wani-wani gêpok bale | lan sapa aranipun | punang pandhe umatur aris | inggih anak kawula | punika ranipun | pun Jaka Siyung Wanara | angandika sang nata arum amanis | timbalana nakira ||

76. ki êmpu sigra angandikani | mring anak aran Siyung [Si...]

--- 50 ---

[...yung] Wanara | nulya prapta tan asuwe | ing ngayunan alungguh | sri narendra angandika ris | iku nakira dhawak | pun pandhe umatur | inggih suteng ulun dhawak | ling sang nata duk kapan măngsa sirèki | yèn aduwea anak ||

77. apan ingsun lawase udani | lamun kita aduwea anak | pun pandhe atur sêmbahe | inggih rêke pukulun | sayêktose gèn amêmanggih | sang aprabu angandika |[66] nakira sun pundhut | pun pandhe atur sumăngga | duk sêmana tinumutakên sira glis | ing rare panakawan ||

78. lami-lami dènira angabdi | Siyung Wanara asring kinon prang | ambêdhah nagara lyane | pisan pindho ping têlu | apan mênang dènira jurit | ngaturakên bobokan | saboyonganipun | katur dhatêng sang nata |[67] sakalangkung asangêt sihing nrêpati | dhatêng Siyung Wanara ||

79. sangking sangêt sihirèng nrêpati | kala sêmana Siyung Wanara | saya katingal sêktine | apan saya kalangkung | pasihane sri narapati | datan kêna asuda | dhatêng sang abagus | antuk pangawulanira | mring Sang Nata sinêngkakakên ing nginggil | jinunjung saking ngandhap ||

80. pan kinulawisuda siraglis | Siyung Wanara jinunjung lênggah |

--- 51 ---

ngaran Arya Banyak Widhe | salêksa linggihipun | pinêtêdhan kêndhaga rukmi | ingakên putra-putra | alêlamak babut | adalêm saloring pasar | kinawênangakên ing soring siniwi | anabuh lokanănta ||

81. lan winênang anrapakên adil | wong dêdosan ingkang ukum lara | miwah ingukum pêjahe | tan kawarna lamèku | Arya Banyak Widhe tur aris | dhatêng sri naranata | suwawi pukulun | kang abdi pandhe sadaya | ulun suwun akaryaa sanjata di | karya dandananing prang ||

82. dyan pinatêdhakakên sakwèhing | pandhe dhumatêng wau ki arya | ya ta wus rinèh gawene | ki arya lingnya arum | suta wangsaning ngong sakwèhing | ulun kinaryakêna | gênjara wêsiku | sadina mêngko dadia | sakweh pandhe sadaya samya nanggupi | aturipun sandika ||

83. tan antara sakyèh karya sami | adamêl gêdhong wêsi saksana | nulya dadi tan asuwe | apan winehan sampun | kang lêlangse mandhalagiri | pêpajangan gumêbyar | kinasuran babut | gêguling sutra diwăngga | tutup kaca sri tinon gada[68] mrik wangi | lir kaswarganing donya ||

84. sêdhêng karya têkaa ajurit | nulya umatur dhatêng sang nata | mangkana wau ature | kawula darbe kaul | lamun mênang ulun ajurit [ajuri...]

--- 52 ---

[...t] | angaturi patikbra | adhahar anayub | wontên ing wisma kawula | sri narendra wau dhatêng anjurungi | iya dhingin muliha ||

85. dening ing mêngko ingsun nututi | sumusul maring ing wismanira | ki arya sigra ulihe | ya ta datan adangu | sri narendra tumutur nuli | wus rawuh ing Karian | akasukan tutug | ya ta wuru-wuru panjang | sri narendra aningali gêdhong wêsi | asri tur pinapajang ||

86. warna endah swaranya kumrincing | pitunira[69] mênga minêp dhawak | lwir yasèng dewa polahe | angandika Sang Prabu | hèh ki arya karya pa iki | anjênêngakên kita | ya gêdhong wêsiku | dening endah warnaneka | Radèn Arya Banyak Widhe matur aris | kinarya pakilêman ||

87. sri narendra rêmên aningali | apan rêsêp ring kang wardayanya | sang nata sigra dan linge | apa wahananipun | kita rêmên sare ing ngriki | dyan umatur ki arya | rikalèng ing lêsu | dumados sêgêr têmahnya | yèn agêrah matêmahan dados atis | yyan atis têmah gêrah ||

88. yèn sakit têmah waluya jati | yèn lêsu sêgêr têmahaneka | luwe warêg ing têmahe | sang nata ngandikarum | yèn mêngkono aturirèki | arya abêcik [abê...]

--- 53 ---

[...cik] uga | paturonirèku | kang arupa gêdhong waja | yèn mêngkana ingsun arsa anglêboni | sira angungkurêna ||

7. Pangkur

1. Hèh arya yyan sira suka | ngong asare ing gêdhongira iki | sadina wak ngong marlêsu | ki arya tur sumăngga | pan kawula taman rumaos gêgadhuh | saksana sri naranata | lumêbèng kunjara wêsi ||

2. agya nulya inginêban | kang panjara apan sampun kinunci | binêkta arsa linabuh | maring kali Karawang | sri narendra sakalangkung dening bêndu | Arya apa dosaningwang | ngong kita labuh ing kali ||

3. Banyak Widhe saurira | iya ingsun dhingin duk maksih alit | apan ingsun sira labuh | anèng kali Karawang | sayêktine ing mêngko kita ngong labuh | ingsun amalês ing sira | sapa utang naur singgih ||

4. wus linabuh sri narendra | anèng kali Karawang wus kabasmi | wontên ta lêlurahipun | têtiyang angêndhêga | dyan lumaywa umatur Radèn Sêsuruh | nênggih radèn rama kita | binasmi sampun ngêmasi ||

5. linabuh lèpèn Karawang | dening Arya Banyak Widhe ing nguni | bêndu Rahadèn Sêsuruh | sigra nêmbang têngara | sampun pêpêk sakèhing punggawanipun | gêgaman wus amalatar | tinon pindha wukir api ||

6. angrasuk [angrasu...]

--- 54 ---

[...k] busana ring prang | Dyan Sêsuruh pan arsa angawaki | bubar gêgaman anggrêgut | ri kang wong karadenan | sumrêg ingkang gêgaman bêndhenya ngungkung | saksana Radèn Sêsêdhah | sigra anitih turanggi ||

7. wadya prasamya prayitna | Arya Banyak Widhe wus anèng puri | sakathahe wadyanipun | apan sampun prayitna | mêpêk baris asênjata bala grêgut | sadandananing ayuda | prajurit wus amiranti ||

8. wus katur mring sira arya | lamun Radèn Sêsuruh andhatêngi | saha bala soroh amuk | ki arya wus siyaga | dyan ingatag kang bala mangsah anggrêgut | campuh cucuking ayuda | langkung ramening ajurit ||

9. limbungan tangkêping yuda | pan arame acampuh sami wani | pruking ngendhe watang putung | apan pating garopak | wus akathah pêpati susun atimbun | sêsambating wong kabranan | kalintang anggêgirisi ||

10. wadyabala karadènan | pan kasoran kathah longe kang mati | prajurite sampun mawut | agya Radèn Sêsêdhah | angawaki rahadèn asoroh amuk | apindha sima ambabal | sing katêmpuh apan gusis ||

11. pangamukira rahadyan | ngobat-abit anglir banthèng akanin | singa katarajang mawut | têtiyang ing Karian |

--- 55 ---

sira Radèn Sêsuruh kudane lampus | adharat pangamukira | tan ana wani nadhahi ||

12. wus katur marang ki arya | raka kita ngamuk tan wrin ing ajrih | kang nama Radyan Sêsuruh | lêwih sangking prakosa | wadya kita dahat jrih kathah kang lampus | Arya Banyak Widhe sigra | umadêg munggwing sitinggil ||

13. saha mangagêm sanjata | Radèn Sêsuruh ngamuke mangukih | wus lumêbèng alun-alun | parêng katon sinipat | dening Ki Arya Banyak Widhe atangguh | ing rika Radyan Sêsêdhah | ikêt pinggangira kêni ||

14. rampung rikang ikêt pinggang- | nya awirang radyan tyasnya wus miris | Radyan Sêsuruh wus kondur | saha wadya wus têlas | kapalayu sira Rahadyan Sêsuruh | ngetan bênêr lampahira | kandhêg desa Kaligunting ||

15. nulya ingalap atmaja | mring sira ni răngdha ing Kaligunting | apan lêwih trêsnanipun | lwir suta gwan ayoga | nyai răngdha mring sira Radyan Sêsuruh | dhasar răngdha tan sêsuta | sira Nyai Kaligunting ||

16. dyan kawarnaa sirarya | Banyak Widhe apan wus madêg aji | anèng ing dalêm kadhatun | kèdhêp sarehanira | sri narendra aswarèng ring wadyanipun | sakwèhing wong Pajajaran | wong desa mwang têktèng[70] wukir ||

17. aywa na wani kanggonan | mring Si Suruh iya ywan ana [a...]

--- 56 ---

[...na] wani | saèstu yèn satruningsun | ingkang wani kagonan |[71] ingsun tunpês[72] saanak lan putunèku | ya ta rikang kawarnaa | Nyai Răngdha Kaligunting ||

18. mirsa syarènging narendra | langkung ajrih kumitir ing jro ati | saksana sira agupuh | mring sadulure lanang | kaprênah anèm katiga sami jalu | Ki Wiro ari tumulya | ari malih ran Ki Nambi ||

19. pamêkas aran Ki Bandar | kaya priye yayi sira ngong tari | dening undhange sang prabu | sapa ri kang kanggonan | mring Sêsuruh tinumpês nak putunipun | ngong iki mring gustinira | Sêsuruh kalangkung asih ||

20. lwir suta gwan ngong ayoga | yyan parastra ngong umiring ngêmasi | mring gustinira Sêsuruh | arinya samya mojar | yèn maksiha sadulur kita têtêlu | sampun kawatir ing nala | sayêkti ulun tanggoni ||

21. dukane sri naranata | arinira katiga samya kering | dhumatêng ing wismanipun | ni răngdha sampun prapta | Radèn Sêsuruh apan sampun katêmu | ya ta wus tata alênggah | angling Ki Wiro Ki Nambi ||

22. lah gusti sampun gya maras | tyas paduka dening undhang nrêpati | yèn dhatênging têmah besuk | ulun kang tumanggalang | ananggoni ring dukanira sang ratu | nadyan dhumatêng ing pêjah |

--- 57 ---

ulun apan tan gumingsir ||

23. Radèn Sêsuruh gya mojar | ngong tarima sihira marang mami | nanging ing pangrasaningsun | sira otota kawat | bêbalunga wêsi rèhing wong têtêlu | lah măngsa silih nănggaa | marang ring sri narapati ||

24. lah ingsun apamit paman | lah karia ingsun kesah pribadi | Ki Wiro Nambi umatur | inggih ulun punika | pêjah gêsang pangeran pan ulun tumut | ing pundi sapurug radyan | apan ulun atut wingking ||

25. ni răngdha asêmu waspa | sêdya tumut Ni Răngdha Kaligunting | wus dandan sabrayanipun | ya ta anuli bubar | awatara wong satus kang atut pungkur | ngetan bênêr lampahira | saha ni răngdha tan kari ||

26. Ki Nambi Wiro turira | maring radèn punika yèn suwawi | dawêg sami minggah gunung | nênggih ing wukir Kombang | wontên ajar atêtapa sampun sêpuh | sidik ingkang pangandika | punika yogya ingungsi ||

27. manawi asuka têdah | sira Radyan Sêsuruh angrêmbagi | anulya samya lumaju | munggah ing gunung Kombang | sampun prapta wau sêsukuning gunung | apan wukir Kombang ika | kalangkung dening asingit ||

28. kayanganing parayangan | mwang lêlêmbut pêri kalawan êjim | mangkana ingkang winuwus | ri kang tapa ing arga | lêwih sêktinira [sêktini...]

--- 58 ---

[...ra] kang jêjuluk |[73] Ki Ajar Cêmara Tunggal | satingalira wus sidik ||

29. têrus lan sasêbdanira | pan abala parayangan lan êjim | sumuyuding sang awiku | lêlêmbut nusa Jawa | ri ngêndi kang nora aseba anungkul | mring Ajar Camara Tunggal | lêwih saking sang ayogi ||

30. nadyan akathaha ajar | tan ana lwir Ajar Camara Tunggil | awibawa pindha ratu | dadya ring saciptanya | bisa anom bisa cili bisa sêpuh | apan wus angraga sukma | saha karya rarasati ||

8. Mijil

1. Ki Ajar Cêmara Tunggal angling | mring cantrikira lon | myang uluguntung lan panantange | miwa mahnguyu[74] lawan wêwasi | lah saosa sami | sakwèh dasih ingsun ||

2. apan ingsun adhatêngan mangkin | lah iya ing mêngko | lagya ana ing marga lampahe | asmu amangun brăngta ing galih | tilasing amukti | têdhaking wiryagung ||

3. apan iku atmajèng nrêpati | kawon ing palugon | lah payo anggêgêlara age | iya kalasa kalawan lampit | babut gonên lapis | ri sawusing patut ||

4. saosana caratan kang rêsik | kang cêcêp mas kaot | lan pra wêwasi pêpêkan kabèh | gêntha kêkêlèng tabuhên aglis | wau kang winarni | Rahadèn [Rahadè...]

--- 59 ---

[...n] Sêsuruh ||

5. lampahira sumêngka ing ardi | asingit aewoh | ampuhan sami mapag swarane | awor lawan udan riwis-riwis | lisus gêng wor angin | wrêksa gêng kwèh rubuh ||

6. sela gêng lorod ladhu umili | ing kali umisor | udan awu drês ngarga dhêdhête | gumrah swarèng tawang prayangan jim | yèn janmaa sami | mapag gusti rawuh ||

7. prapta sakwèhing dhêdhêmit sami | dening sang palunggoh | anabuh gêntha lan kêkêlènge | mila prapta sakathahing êjim | apan anambrami | dening gustinipun ||

8. kadhatêngan sinatriya adi | amangun wirangron | dyan kawarnaa radèn lampahe | mèh prapta apan bingung ing margi | Dyan Sêsuruh angling | ing jro kalbunipun ||

9. dening alêwih singite iki | ingkang adhêdhepok | ana ing gunung Kombang ing kene | sigra radèn amirsa ungêling | gêntha kêlèng muni | gya radèn andulu ||

10. padhang ujwalèng raditya mijil | wus sirna tan katon | sakèh ngampuhan pêtêng suwene | gya Radèn Sêsuruh ningali |[75] cêmara satunggil | sapucuking gunung ||

11. saha sanggar langgatan kaaksi | radyan angling alon | lah baya iki paman dhepoke | sang wiku Ajar Camara Tunggil | lah payo dèn aglis | umunggah mandhuwur ||

--- 60 ---

12. nrêpati putra sumêngkèng nginggil | agrèng arga rawoh | kang umiring umandhêg pintune | lajêng lampahe datanpa kanthi | malêbêt pribadi | rahadyan wus lungguh ||

13. wus apanggih lawan sang atapi | atata alunggoh | munggwing sanggar langgatan prênahe | lingnya Ki Ajar angacarani | lah bagea gusti | ri kang anyar rawuh ||

14. teja sulêksananing abêcik | lah sang bagus anom | ing wiking[76] pundi ring pinangkane | ing ngarsa pundi sinêdyèng ati | lan sintên wêwangi | rahadèn umatur ||

15. lampah ulun satindak puniki | lan kêkêtêging ngong | sadêmi măngsa borong cêthane | hyang kaki dhatêng ing lampah mami | mèsêm sang palinggih | saha ngandika rum ||

16. bênêr kaki salingira ugi | apa pedah ingong | pun kaki anèng pucak wukire | mangan barêbêkan kayu nênggih | yèn tan wruha kaki | ngong sêdyanirèku ||

17. angur aja têtapaa mami | amucak miranggong | iya marmanira praptèng kene | munggah ing pangajaran asungil | sêdyanira ugi | dhapur prang kaburu ||

18. amêcah wangsanira pribadi | mila sira mêngko | mring wukir arsa tumut rahadèn | adhêdhukuh nuntumakên api | apa iya ugi | mangkono karsèku ||

19. radèn umatur [u...]

--- 61 ---

[...matur] saha wotsari | èstu sang palunggoh | sêsangat pan tan wontên sisipe | apan ulun wus tanpolih angling | sosiking tyas nguni | kawêngkèng sang wiku ||

20. Ki Ajar Cêmara Tungggal angling | lah ta putuning ngong | wus sun tarima ing sakajate | rèhning arsa tumut mangun tapi | lah sun ampah mangkin | karsanira iku ||

21. ayya sira kaki milu nêpi | maring raganing ngong | apan sira tan winênang radèn | yyan umiringa tapa ing wukir | apan cupêt kaki | panjênêngan ratu ||

22. iya panjênêngan Ratu Jawi | iku tan apaos | sira Radèn Sêsuruh dan linge | inggih raganya ulun puniki | punapa sarèhning | hyang kaki ngong anut ||

23. Ki Ajar Camara Tunggal angling | iya putuning ngong | lah idhêpên tuduh ingsun mangke | sira ngetana bênêr tumuli | lakunira iki | besuk yèn anêmu ||

24. witing maja uwohe sawiji | apait kang raos | ing kono sira mandhêga age | lajêng dhukuhana ugi |[77] aywa mintar malih | kêkêla ing ngriku ||

25. wruhanira kaki iku benjing | minangka kadhaton | nira têtêp dadi praja gêdhe | ing sirah kêpuh iku ing benjing | iya iku ugi | dadi alun-alun ||

26. apan wus pinasthi sira benjing | mring dewa kang kaot | dadi suluhing nara têmbe |[78] iya panjênênganira [panjê...]

--- 62 ---

[...nênganira] aji | wruhanira kaki | têdhak nganak putu ||

27. buyut canggah satêdhakirèki | apan dadi katong | ya amêngku ing nusa Jawane | lah kaki uwis aja prihatin | iya sira benjing | amalêsa ukum ||

28. mring Ratu Pajajaran sirèki | nanging ta ing mêngko | tan linilan yèn malêsa mangke | lagi apês yudanira ugi | lan maninge kaki | yèn sira tan wêruh ||

29. iya maring jênêng ingsun iki | sayêktine ingong | dudu ajar ingkang satêmêne | apan putri Pajajaran mami | ari ngong tumuli | eyangira iku ||

30. apêputra mring ramanirèki | kang lina ingobong | karananingsun kesah purwane | sangking nagara pan ingsun ugi | kacarita putri | lêwih sangking ayu ||

31. sakèhe putri ing tanah Jawi | tanna tandhing ingong | amung ingsun putri ayu dhewe | sakyèh para ratu tanah Jawi | anglamar ing mami | nanging sun tan ayun ||

32. saking sangêt ngong tan arsa krami | gya dinukan ingong | dening rama asangêt dukanê | ya ta sun rasa-rasa ing galih | tansah karya agring | ing yayah lan ibu ||

33. tumulya ingsun kesah ing wêngi | murca sing kadhaton | ngong mêtu ngurung-urung warihe | manjing mêdal wana lampah mami | nut iringing ardi | lampah ngong andarung ||

34. nulya gunung Kombang sun unggahi |

--- 63 ---

praptèng pucuk ingong | ya ta ana kayu cêmarane | satunggal iku gon ngong anêpi | mêngko iku mêksih | rupane kang kayu ||

35. sigra ki ajar asalin warni- | nira nguni wadon | rupa wanodya lêwih ayunê | anglir widadari sangking swargi | cahya mindha sasi | ujwala sumunu ||

36. gêbyaring sarira nêlahi |[79] pan asor paraos | kagyat Radèn Sêsuruh tingale | aningali warnane sang putri | jêngêr tan kêna ngling | suwe wadinipun ||

37. marma mangkana de salamining | radèn dèrèng tumon | warna kadi sang putri ayune | radèn wus liwung tan ana kaksi | mung sang kadya Ratih | kang tansah ing kalbu ||

38. liwunging tyas rahadyan anuli | nyandhak asta gupoh | sang kusuma yu nginggati age | sarya ling lah ta arsa punapi | têka tanpa krami | lir awuru gadhung ||

39. dahat dènira tanpa wêwadi | lir wong tanpa tudoh | sira iki kerut warni bae | mapan wong apinto ingsun iki | munduraning mangkin | arêp sira tuku ||

40. rahadèn sangèt sangsayèng galih | èngêt putra katong | datan etang duga prayogane | amung sang kadya Ratih kaèsthi | gya tinubruk wani | saksana sang arum ||

41. musna sangking ngarsane sang pêkik | sêmana sang anom | saicale sang rêtna rahadèn | aniba sangêt dera tan eling | salilirarèki [salilira...]

--- 64 ---

[...rèki] | rahadèn gêgêtun ||

42. sangêt anjêngêr datanpa angling | mung sang liring sinom | kang tansah kadyana sumandhinge | ri kang akartya brăngta wiyadi | sangking byating brangti | lingnya salah dunung ||

43. maring êndi paranira gusti | kusumaning sinom | binêktaa mirah gêgêbale | dinasihêna tumêkèng pati | kawulane gusti | anut ing sakayun ||

44. kaya tega têmên tilar dasih | kang sangêt anglamong | marang ngêndi paranira anggèr | bok iyaa tolih dasihnya gring | yèn tan wruhèng gusti | kawulèstu lampus ||

45. ki ajar ing gunung Kombang nuli | umulat agupoh | apan sampun warni ajar malèh | wus abusana ing ajar nênggih | anyangkêlang kudhi | wus awayah sêpuh ||

46. Radèn Sêsuruh wau ningali | mring kyajar waspaos | wus alinggih ki ajar praptane | radèn putra wus emut ing galih | sigra anungkêmi | mring pada sang wiku ||

47. sarya matur radèn asmu tangis | mring sang apalunggoh | sahatur prasêtya ing dedene | lan anuhun apuntên ing sisip | ngandika sang yogi | aja sira muhun ||

48. pan wus jamaking wong kakung kaki | kagebang ing wadon | kêna ing owah lawan gingsire | apan uwus bubuhaning janmi | amung ingsun kaki | mêngko duwe tuduh ||

--- 65 ---

49. iku sira lakonana kaki | iya tuduh ingong | apan tinêkan sira ing têmbe | apa ing sasêdyanira benjing | mapan ingsun iki | manusya satuhu ||

50. sangking sangête ing tapa kaki | mila lêwih ingong | ingkang apês iya iku radèn | yêkti nora wêruh marang mami | lan winênang malih | ingsun dadi jalu ||

51. lan winênang ingsun dadi èstri | dadi tuwa anom | luputing lara lawan patine | iya besuk ingsun kêna pati | yèn dina ing akir | kiyamat ing besuk ||

52. dening benjing sira uga kaki | patêmon lan ingong | nanging ta nyata dudu ing kene | gon ingsun atêmu lan sirèki | benjing sun apanggih | lawan kita putu ||

53. yèn sira benjing wus madêg aji | amêngku kadhaton | lan angrèh ing tanah Jawa kabèh | lan benjing sun ngalih saking ngriki | ya ing Tasikwêdhi | kaki nagarèngsun ||

54. ring kono ingsun jumênêng aji | iya balaning ngong | parayangan lan êjim sakèhê | wis ing kono benjing sun angalih | ya kadhaton mami | Pamantingan iku ||

55. dening wadya balaningsun benjing | sakyèh para katong | lêlêmbut ing nusa Jawa kabèh | nulyèngsun benjing karya pêpatih | arya lan dipati | wadya jim tumênggung ||

56. răngga dêmang kalawan ngabèi | pêcattăndha kaot | kandhuruan myang ăndhamoine |

--- 66 ---

nanging ingsun ngawula ing benjing | maring ing sirèki | wruhanira iku ||

57. iya anak putunira benjing | madêg nata kaot | angadhaton lor Pamantingane | iya sakidul gunung Marapi | iku ingsun benjing | ngastupadèng prabu ||

58. wruhanira kaki iku benjing | singa madêg katong | amêngku ing tanah Jawa kabèh | apan iya dadi laki mami | èngêtêna kaki | lawan malihipun ||

59. kalamun sira amanggih kardi | pan udangên[80] ingong | iya nuli ingsun prapta age | yèn ana suraking tawang benjing | pra Cina yèn prapti | kaki lakuningsun ||

60. apa sakarsanira ing benjing | nora kantun ingong | kaparentah sun mring sira têmbe | iya saosikira ta kaki | unang jim tan kari | lan kang manusèku ||

61. lah uwis mangkata sira kaki | ngetana ywa menggok | lakunira aywa nolèh-nolèh | jujuga kita ing lurah radin | araning nagari | iya Singasantun ||

62. nanging ta wêwêkas ingsun kaki | mring sira agatos | lah têguhêna dèn satuhune | wusnya têlas pamêkas nulyamit | radyan mangkat aglis | sadurma sing gunung ||

 


Tanggal: Ngakhad (Ngahad) Pon limalas (15) Rabiyulawal (Mulud) Lip (Alip): margèng nata kaswarèng dasih (AJ 1715). Tanggal Masehi: Minggu 14 Desember 1788. (kembali)
sêngkêran. (kembali)
mangkya. (kembali)
Kurang satu suku kata: alunggwèng pitêkur. (kembali)
sukwatunggal. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: karananya mwangkaneka. (kembali)
Kurang satu suku kata: muwah kang para santana. (kembali)
Kurang satu suku kata: Julungpujut lan Ki Pahang. (kembali)
unggahana. (kembali)
10 căndradimuka (dan di tempat lain). (kembali)
11 Sakri dan di tempat lain. (kembali)
12 Dibaca niaya. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: ri lamanya kita anèng wawratannya. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: sarya angling liga ari. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: Bathara Wisnu amuwus. (kembali)
16 sarya. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: Rahadyan Srigati angling. (kembali)
18 munggah. (kembali)
19 tantara. (kembali)
20 pungkur. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: ya kang mangaran Srigati. (kembali)
22 sinêngkêr. (kembali)
23 wêruhana. (kembali)
24 sing. (kembali)
25 duk. (kembali)
26 yomani(dan di tempat lain). (kembali)
27 kandhêg. (kembali)
28 angganipun. (kembali)
29 sarywangling. (kembali)
30 madyaning (dan di tempat lain). (kembali)
31 Kurang satu suku kata: yaktya umatura maring Sang Hyang Guru. (kembali)
32 manguwuh. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: têmah rusak dera Risang Watugunung. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: iya mapaga ing yuda. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: sadosanya ingapura. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: kêna tan kêna. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: kita ingong palangi. (kembali)
38 sinumbagêna. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: iy uwit adhikih. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: kawnangnya aprang. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: ayya kita kartya baknèng suralaya. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: bagnaning suwarga ya. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: ingkang amangaran Sri Selaprawata. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: inguripêna malih. (kembali)
45 pakênira (dan di tempat lain). (kembali)
46 mangke. (kembali)
47 madyapadane. (kembali)
48 Sakutrêm (dan di tempat lain). (kembali)
49 lèr. (kembali)
50 tasdik. (kembali)
51 nujum (dan di tempat lain). (kembali)
52 Kurang satu suku kata: têtambane wawêlakirèng nagari. (kembali)
53 cilik (dan di tempat lain). (kembali)
54 Kurang satu suku kata: pan jamake yèn manuk punika. (kembali)
55 manusya. (kembali)
56 kagêm andika. (kembali)
57 kasusra. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: mêmènèk kêkayon bae. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: bêborèh lawan sêkare. (kembali)
60 Kurang satu sukukata: dadya apa yyan kadêngangana. (kembali)
61 Lebih satu suku kata: kocapa sang prabu. (kembali)
62 wêruh. (kembali)
63 tinubruk. (kembali)
64 mèlèt. (kembali)
65 Lebih satu suku kata: inggih ing aturipun. (kembali)
66 Lebih satu suku kata: sang prabu angandika. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: katur dhumatêng sang nata. (kembali)
68 gănda. (kembali)
69 pintunira. (kembali)
70 têkèng. (kembali)
71 kanggonan. (kembali)
72 tumpês. (kembali)
73 Kurang dua suku kata: lêwih sêktinira ingkang ajêjuluk. (kembali)
74 miwah manguyu. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: gya Radèn Sêsuruh aningali. (kembali)
76 wingking. (kembali)
77 Kurang dua suku kata: lajêng adhêdhukuhana ugi. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: dadi sêsuluhing nara têmbe. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: gêbyaring sarira anêlahi. (kembali)
80 undangên. (kembali)