Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 28–33)
1. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 01–08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
2. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 09–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
3. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 12–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
4. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 19–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
5. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 28–33). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
6. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 34–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
7. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 39–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
8. | Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 45–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
28. Mijil
1. praptèng ngayun inya awotsari | aturipun alon | rayi tuwan ing Pajang ing mangke | nèng jawi arsa marêk mariki | ing andika gusti | kapirsa arêngu ||
2. Kajêng Ratu Kalinyamat angling | turana riningong | lah warahan[1] yèn ingsun mangkene | pasthi ora kêna apêpanggih | mêngko sun manggihi | anèng jroning kubut ||
3. sigra mintar kang ingutus aglis | wus praptèng ing regol | sigra marêk utusan ature | jêngandika dipun andakani[2] | punika kang wêling | wau Kangjêng Ratu ||
4. jêngandika tan kenging pêpanggih | rakandika ngobong | ki adipati alon dêlinge |
--- 275 ---
sun wis wêruh kakang bok prihatin | sêdyaningsun prapti | arsa darbe atur ||
5. wus lumêbêt sira sang dipati | wong papat tan adoh | sampun prapta prênahe êmboke | punang utusan matur wotsari | rayindika gusti | sadaya wus rawuh ||
6. angandika Ratu Mas aririh | mring kang rayi alon | hèh yayi mas baya na karsane | atêtinjo maring awak mami | ya ta ki dipati | alon aturipun ||
7. mila kawula gêpah mariki | mirsa tuturing wong | dening andika sangêt brangtine | pan kapirsa yèn tilar nagari | tan ar atapih |[3] paran milanipun ||
8. yèn kenginga kawula ngaturi | ywa sangêt wirangrong | ing apêjah pan sampun pasthine | raka andika nêmahi lalis | wus karsa Hyang Widdhi | seda marga tatu ||
9. raka andika pan seda saksi | antuk swarga kaot | ngulari pêjah punapa malèh | Ratu Mas ing Kalinyamat angling | tarima mas yayi | dènira sung pemut ||
10. iya ingsun yayi nora kêni | pan wus ujar ingong | yèn ta durung kawalês patine | kakangira ingsun nora tapih | tumêka ing pati | pan wus takdir ingsun ||
11. sokur sira yayi praptèng ngriki | manira wong wadon | lah sira ingsun jaluk budine | kaya[4] papa gèn ingsun malêsi | mring Si Jipang iki | sira ingsun tantun ||
--- 276 ---
12. lamon ana ingkang amatèni | mring Si Jipang kang wong | ingsun iki ora adêduwe | ing Prawata Kalinyamat iki | ingsun tan darbèni | pan wus ujar ingsun ||
13. lawan ingsun ngèngèri ing benjing | yèn ingsun kalakon | Arya Jipang kapagas murdane | lah sira yayi ingsun tangisi | amalês ing pati | mung sira kang tulung ||
14. pan tan ana prayogane malih | kang tulung maringong | apan ingsun tan darbe sadhèrèk | lanang mung sira asih ing mami | kang yogya matèni | mring Si Jipang besuk ||
15. Adipati Pajang matur aris | dhatêng ingkang êmbok | pan kawula tan purun yudane | amungsuha wong Jipang ngajurit | wong punika sêkti | prakosa atêguh ||
16. Ratu Kalinyamat angling aris | tanpa gawe ingong | gèn ingsun darbe sanak dhèwèke | yèn tan kênaa ingsun tangisi | dadi tanpa kardi | atinjo maringsun ||
17. Ki Pamanahan jawil bêbisik | punika karsèngong | jêngandika apikir samangke | rakandika tuwan samadosi | pinikir sawêngi | enjing dawêg wangsul ||
18. Adipati Pajang anuruti | matur mring kang êmbok | kula pikire sawêngi mangke | benjing enjing kawula abali | yèn wus angsal pikir | kawula sumanggup ||
19. lah kang mbok sampun kawula amit |
--- 277 ---
mantuk mring pakuwon | Ratu Kalinyamat andikane | alah iya yayi yèn wus olih | dènira apikir | wangsula maringsun ||
20. sampun mantuk sira sang dipati | maring ing pakuwon | Kyai Pamanahan tan andhèrèk | karsanira ayun mituturi | lah kakang prayogi | lamun sira kantun ||
21. Kyai Pamanahan sigra bali | marêk ingkang êmbok | kang parêkan tur paksi gustine | rayi dalêm ing Sêsela bali | karsane akêmit | dhatêng sang dewayu ||
22. Ratu Kalinyamat suka angling | adhuh ariningong | baya sira ta ana gawene | Kyai Pamanahan turira ris | kawula tur peling | mring andika ratu ||
23. yèn rayi dika punika bali | inggih atur ingong | rayindika watêk dhêdhêmêne | lamun mulat dyah ayu kang lêwih | nadyan rada ajrih | adarbe pêpurun ||
24. pan kariyin kawula ningali | wontên èstri kaot | rakandika dhingin têtilare | pan punika andika paèsi | pasthi benjing enjing | rayi dalêm wangsul ||
25. kang pawèstri wontêna ing kering | punika tur ingong | rayindika mêdala sagupe[5] | gih punika yèn ningali èstri | pan kawula pasthi | yèn darbèni sanggup ||
26. lah ta iya adhi sun lakoni | yèn sira kang akon | Ki Pamanahan amit sira ge | tan [ta...]
--- 278 ---
[...n] adangu ing pondhoke prapti | kawarnaa enjing | ki dipati wungu ||
27. ingkang raka sigra dèn timbali | mapan sampun saos | Pamanahan seba lan arine | sampun prapta ngarsane dipati | ki dipati angling | sira ingsun tatun[6] ||
28. kadipundi karsanira mangkin | prakara kang êmbok | dening asangêt ika tangise | ingsun kinèn amatèni mangkin | mring Si Jipang iki | awêgah tiningsun ||
29. Kya Pamanahan aturira ris | suwawi sang katong | tinurutan punika karsane | dening mung paduka dèn tangisi | pan tan wontên malih | kang yogya atulung ||
30. apan sampeyan tan kirang budi | akathah ri kang wong | samya tinantun-tantun budine | măngsa botên wontêna kang wani | mring pun Jipang nênggih | mungsuh aprangipun ||
31. Dipati Pajang sapamirsèki | alêga tyas katong | mêngko bêngi payo wangsul malèh | aja dadi kawatiring ati | mindêla anangis | kakang bok puniku ||
32. sigra bubar sang dipati |[7] dèn iring punang wong | kawan dasa punika kathahe | Ki Pamanahan tan kêna têbih | tan kawarnèng margi | wus prapta ing gunung ||
33. sampun katur yèn kang rayi prapti | ing wau wus kinon | ingkang rayi tumantuka[8] age | kang pawongan nulya [nu...]
--- 279 ---
[...lya] animbali | dawêg sang dipati | ngandikan malêbu ||
34. wus malêbêt sira sang dipati | kang raka tan adoh | sampun prapta ngarsane rakane | kang parêkan ature aririh | yèn kang rayi prapti | punika nèng pukur[9] ||
35. ni mas ratu angandika aris | mring parêkan wadon | aturana ari ngong marene | parêkan sigra wangsul ngaturi | ya ta sang dipati | tan antara rawuh ||
36. anèng ngarsane kang raka linggih | sajawining kobong | kagyat Dipati Pajang tingale | umulat ing pawèstri alinggih | kèrining kobonging | kang raka warna yu ||
37. dening pawèstri punika nênggih | kandhane sayêktos | apan punika dede garwane | Sunan Prawata kang sampun lalis | ingkang darbe rabi | kajinêmanipun ||
38. kang darbe rabi pan maksih urip | nanging sang akatong | Dipati Pajang kenyut manahe | wus kagiwang kedanan jro ati | wau sang dipati | nolih rakanipun ||
39. Ki Pamanahan kang dipun tolih | saha muwus alon | lah kakang iku sapa kang duwe | bojo rupane dening abêcik | dening ingsun lami | mung mêngko wruh ingsun ||
40. Ki Pamanahan umatur aris | ing watawis ingong | kadi têtilare nahing anggèr | Kangjêng Susunan [Susuna...]
--- 280 ---
[...n] kang sampun lalis | sang dipati angling | kayapa puniku ||
41. ingsun jaluka puniku mangkin | apa kakang êmbok | awèha mring sun wong wadon kuwe | Ki Pamanahan umatur aris | apan duk rumiyin | wontên jangjinipun ||
42. sampun mênggah kang punika malih | nadyan ingkang ados | yèn sampeyan nanggupi karsane | yèn wong wadon kang punika pasthi | rakandika ugi | tan ngraos kagadhuh ||
43. nadyan liyana punika ugi | datan kenging lumoh | rakandika rumiyin sanggupe | Ratu Kalinyamat anapa ris | yayi sira prapti | sarawuhirèku ||
44. apa ana karasèng ing galih | ing panangis ingong | ki adipati aris ature | inggih kakang bok sampun kawatir | deningca[10] ing galih | kawula kang sanggup ||
45. amêjahana Si Jipang benjing | sampun sangêt watos | dipun eca kakang bok galihe | pintên banggi rayindika bakit | amalêsa ring Si | Jipang patinipun ||
46. nanging wontên ing panêdha mami | dhatêng kakang êmbok | yèn kakang êmbok suka galihe | èstri kêkalih punika mangkin | mung punika ugi | kang kawula suwun ||
47. Ratu Kalinyamat ngandika ris | adhuh ariningong | ingsun ora duwe
--- 281 ---
ujar kalèh | aja mungguh kang punika yayi | kang rupa wong èstri | nadyan lyana iku ||
48. kaya barana kang adi-adi | sun tan ngrasa gadhoh | apan kabèh sira kang aduwe | ujêr sira kang rumêksèng mami | ya ta èstri kalih | wus kinèn mring ngayun ||
49. apan sami tumungkul alinggih | nèng ngarsa sang katong | sami agalak manis liringe | pawèstri kalih punika nênggih | ya ta sang dipati | wau duk andulu ||
50. sangêt kagonjing galih dipati | umulat ing wadon | nanging dèn ampah wau galihe | sang adipati sirangling aris | kang bok kula inggih | arsa dandan mantuk ||
51. mugi kawula antuka ugi | barkat dika kang bok | kula amalês lara patine | mring Arya Jipang pangraos mami | kawula tan miris | apanggiha lawung ||
52. sokur panggiha sami satunggil | asuka tyas ingong | lan Si Arya Jipang sagêndhènge | inggih dhatêng kawula tanglêdi | pundi gèn kapanggih | pan wus tandhingipun ||
53. Ratu Kalinyamat mèsêm galih | angandika alon | iya sapa ta yogyane malèh | kang ingong andêlakên ing rêpit | têlas dènira ngling | tan kawarnèng pungkur ||
29. Pangkur
1. Dipati Pajang gya bubar | kang pawèstri kêkalih wus jinoli | dipati suka tyasipun | wus praptèng pamondhokan [pamondho...]
--- 282 ---
[...kan] | ngandika lon maring para mantrinipun | sarupane wadya Pajang | prasamya dipun timbali ||
2. hèh sakèhe mantriningwang | sapa sanggup mungsuh Si adipati | ing Jipang yèn kongsi lampus | gêdhe ganjaran ingwang | pan nagara ing Pathi kasraha besuk | kalawan desa Mataram | lamon Arya Jipang mati ||
3. pra mantri matur sadaya | botên wontên wadya kang ananggupi | sadaya tan wontên purun | dhatêng pun Arya Jipang | sampun uning yèn Arya sakti tur têguh | prawira aulah pêrang | kang ngraos botên ngudhili ||
4. ki adipati ngandika | undhangêna ing sakyèh wadya mami | manawa ana kang purun | ingsun tan milih janma | pan wus pasthi nagara ganjaranipun | sigra sang dipatya bubar | ya ta gumanti ing wêngi ||
5. ya ta wau kawarnaa | kajinêman ika kang darbe rabi | ingkang binêkta puniku | dhatêng Dipati Pajang | manah ing Kajinêman pan datan surud | sêmana apagunêman | lawan sakancanirèki ||
6. apan kancane sakawan | rencangipun apagunêman sami | asêdya akarya dudu | nyidra Dipati Pajang | sampun sami ajangji parênga lêbur | antigan sapatarangan | sarêng rêmak jana kari ||
7. ing têngah dalu wayahnya | punang kajinêman sarêng nglêbêti | ing pasanggrahanirèku [pasanggrah...]
--- 283 ---
[...anirèku] | Dipati Pajang ika | Adipati kapanggih eca aturu | wau ingkang kajinêman | sarêng sami narik kêris ||
8. kajinêman kapatira | sarêng manjing ing pasarean sami | sarêng marêpêki gupuh | dhatêng Dipati Pajang | kapat sarêng anarajang sami nuduk | wanti-wanti panuduknya | Dipati eca aguling ||
9. panuduking kajinêman | wanti-wanti pangrasane dipati | lwir lalêr mencok rasèku | kagyat kang para garwa | samya nangis gumrêrah munggwing suku |[11] narka dipati kabranan | kagyat dipati atangi ||
10. sawungunira anendra | para garwa sami nukêmi sikil | kajinêman papat wau | tan ana bisa lunga | sangking ênggon gumêtêr pan sami lupuh[12] | apan sampun ingapura | sakawan pan kinèn mulih ||
11. pan sampun sami ginanjar | pinangadêg wus sami kinèn mulih | kinon kesaha dèn gupuh | mênawa kawênangan | mring wong kathah satêmahe padha lampus | kapat wus samya tur sêmbah | kang kajinêman glis mulih ||
12. kapat tan nyana agêsang | apan sampun sami mantuk wismèki | wus samya suka tyasipun | icale rabinira | suka lila Dipati Pajang kang mundhut | ya ta ing wêngi punika | ingkang kawarnaa malih ||
13. kocapa Ki Pamanahan | gêgunêman kalawan [kala...]
--- 284 ---
[...wan] Ki Panjawi | katiga lan ipenipun | Ki Juru namanira | pan puniku saparane datan kantun | sakawan lawan kang putra | kang nama Radèn Ngabèi ||
14. samana Ki Juru tanya | pan manira mangke anungsung warti | Ki Pamanahan amuwus | wau sang adipatya | sayêmbara sapa sintên ingkang sanggup | amêngsah pun Arya Jipang | atawa kongsiya mati ||
15. apan ginanjar nagara | ing Mantaram lawan nagara Pathi | inggih tan wontên kang sanggup | Kyai Juru lingira | yèn mêngkotên mangke kula suka rêmbug | pakanira sanggupana | eman kaliya kang nagri ||
16. ing Pathi lan ing Mataram | eman têmên liyaa kang darbèni | Ki Pamanahan amuwus | iki pe dene gampang | wong atămpa ganjaran nagara agung | sapa wani amungsuha | Dipati Jipang prajurit ||
17. Ki Juru lingira ngucap | pan manira wus wruh watêke ugi | nyata yèn Ki Arya têguh | pêsthane ginêlaran | pan manira dèrèng ulap yèn amungsuh | gampange tiyang punika | watêke wong bèr kawanin ||
18. yêkti awrat tinadhahan | aprang papak agêng kalawan alit | pasthi pakanira rêmpu | ingsun milu mring sira | angrenani ing benjing aprang apupuh | amungsuh Ki Arya Jipang |
--- 285 ---
ana budiningsun ugi ||
19. wong punika tuhu kêras | yèn tinantang pêsthi ika nêkani | tan anganti rowangipun | lah yèn prapta priyăngga | ginagalak pêsthi ènthèng yèn minungsuh | arah ingsun kapêncila | nuli kinrubut ing jurit ||
20. yèn punika sampun sayah | pakanira karonana ngajurit | pasthi ika kalamon lampus |[13] lah nêdha benjang-enjang | yèn pakanira wus kadugi glaripun | amungsuh Arya Panangsang | katura sang adipati ||
21. sampun dènnya rêrêmbugan | tan kawarna polahira ing wêngi | enjing pan sampun awungu | samya dandan aseba | Pamanahan katiga lan putranipun | Kyai Juru atut wuntat | wus marêk sang adipati ||
22. pra mantri pêpêk sadaya | Sang Dipati Pajang ngandika aris | lah anata ingkang sanggup | amungsuh Arya Jipang | para mantri sadaya sami tumunggul | tan ana kang sumanggupa | amungsuh Ki Arya jurit ||
23. umatur Ki Pamanahan | inggih kawula kang sanggup anadhahi |[14] Dipati Jipang prangipun | sakulawarganingwang | sang dipati anjangkunga sangking pungkur | dadosa sêmang kewala | kawula ingkang ajurit ||
24. sampeyan sampun katingal | yèn katingal pasthi sampeyan dèn prih | yêkti wong punika purun | têguh lawan prakosa |
--- 286 ---
wong akathah pasthine botên kadulu | yèn tumingal ing sampeyan | pasthi sampeyan kang dèn prih ||
25. dipati suka tyasira | angandika aris sang adipati | alah kakang sokur sèwu | yèn pakanira dhawak | ananggupi Arya Jipang pêrangipun | kakang desa ing Mataram | aja liyan kang duwèni ||
26. ing mangke ta sira kakang | kadipundi gènira ambudèni | Kyai Pamanahan matur | singgih ing benjang enjang | wadya Pajang saosa gêgamanipun | nanging sampun katingalan | kawula ingkang rumiyin ||
27. wontên dene rena kula | kantênane nênggih ing benjing enjing | dipati suka amuwus | lah nêdha bubarêna | samya dandan sasikêping aprang pupuh | pan sampun bubar sadaya | sumurup kang sahyang[15] rawi ||
28. Ki Panjawi Pamanahan | lan Ki Juru samya gunêm sawêngi | Ki Juru alon amuwus | ing benjang karsaningwang | pangarite wong Jipang besuk rinuruh | sokur lamon kaparêngan | pangarite sang dipati ||
29. cinêkêl sinungan layang | lan kupinge pinêrung kang sasisih | kinèn matur gustinipun | pasthi yèn ika prapta | bangêt kagyat pasthi sang dipati bêndu | măngsa angantia bala | watêking wong bèr kawanin ||
30. sampun mufakat [mufa...]
--- 287 ---
[...kat] katiga | kulawarganira wus dèn undhangi | sakadang kadeyanipun | patut wadon lan lanang | sarêng prapta awêtara kathahipun | kalih atus sawarninya | punika kadange sami ||
31. sadalu tan ana nendra | wus raina gumuruh nata baris | Kyai Pamanahan sampun | mêdali wong têtiga | lampahira pan sami anamur laku | anjujug ing pangaritan | wong Jipang kang dèn ulati ||
32. wus amor lan wong akathah | nulya manggih pangarit siji mêncil | anuju pangaritipun | jaran si gagak rimang | pakathike ing wau sampun kinêpung | sigra aris tinakonan | lah rika iki wong êndi ||
33. kang tinanyan angling maras | gih kawula cawise sang dipati | kapal agême ngong tunggu | aran pun gagak rimang | Ki Panjawi tangginas nuli anubruk | ki pangarit datan obah | Pamanahan mèsêm angling ||
34. ki lurah nêdha sêrana | sun irise kupingira sadhidhik | iya kang sasisih iku | ki pangarit saurnya | dede padu kuping kang andika jaluk | angur mundhuta karanjang | kawula dhatêng ngaturi ||
35. yèn mênggah kuping punika | sakalangkung kula anggêgendholi | dening wasiyat lêluhur | lan dede jêjalukan | kuping roro saiji andika jaluk |
--- 288 ---
Ki Pamanahan angucap | pirajine sun ilèni ||
36. sanadyan dika tumbasa | dèrèng tau kawula adol kuping | tan wande adamêl butuh | Ki Pamanahan mojar | angur êndi sun tuwêk lan ingsun tuku | ki pangarit kalithihan | dika tumbas yèn sadhidhik ||
37. pakathik sigra cinandhak | kupingira sasisih wus dinawir | ya ta Kyai Juru gupuh | sampun akarya surat | kang pakathik sampun ta sinungan wau | kang ardana gangsal wêlas | nuli kinalungan tulis ||
38. pakathik pan kinèn lunga | lah ta poma wêkas ngong layang iki | dèn katur marang gustimu | nuli sira muliha | kang pakathik lumayu pondhoke rawuh | akathah kang wong uninga | yèn pangarit adus gêtih ||
39. narajang mantri aseba | sakyèhing kang nangkil kagyat ningali | lamun pêrung kupingipun | pan kinanthilan layang | Ki Mataun atanya ing baturipun | apa kang rame ing jaba | ingkang dinangu turnya ris ||
40. nênggih pakathik dipatya | dipun pêrung kupingipun sasisih | kinalungan sêratipun | karsanira matura | tur uninga ing gusti kacakrèng kalbu | Mataun aglis angucap | lah wus undurna dèn aglis ||
30. Durma
1. Ki dipatya ing Jipang lagya adhahar | pakathik [pakathi...]
--- 289 ---
[...k] dèn cêkêli | mapan maksih rosa | kêdah yun lumêbua | arame gègèr ing jawi | ki adipatya | kagyat dènnya mirsèki ||
2. ing utusan Mataun kang tinimbalan | prapta ngarsa dipati | sigra tinakonan | ing jaba gègèr apa | ki patih sampun andugi | yèn gusti duka | aturira mlasasih ||
3. dipun aris rumiyin tuwan adhahar | tan prayoga kang warti | ing mangke katura | yèn sampun lorod dhahar | ki adipati lon angling | têka matura | iya ingsun alimi ||
4. Ki Mataun anêmbah-nêmbah kewala | wêruh watêking gusti | wong kang cinêkêlan | abudi sampun uwal | lumayu ngayun ing gusti | sang adipatya | kagyat sira ningali ||
5. lah iku bapa iya wong kêna ngapa | awake kuthah gêtih | Mataun tur sêmbah | inggih gusti punika | kang dados gègèr ing jawi | pakathik tuwan | nênggih ingkang angarit ||
6. dipun pêrung kupinge kinakanthilan | layangipun puniki | sigra sang dipatya | mundhut punang nawala | asta têngên ikang maksih | angêpêl sêga | kang kiwa nyandhak tulis ||
7. gya winaos kang surat sinuksmèng driya | unine punang tulis | kang tunggul panantang | pèngêt Ki Arya Jipang | yèn sira tuhu prajurit | yèn nyata lanang | maguta sun antèni ||
8. ing bangawan Sore [So...]
--- 300[16] ---
[...re] lah sira nabranga | têmua padha siji | lan Dipati Pajang | aja ngandêlkên bala | sun tadhahi padha siji | Ki Adipatya | dukane tan sinipi ||
9. kêpêlira sigra binanting ing panjang | rêmuk dados kêkalih | sigra si dipatya | akèn kêkapa jaran | si gagak rimang dèn aglis | lah kambilana | sun arsa mangsah jurit ||
10. wus siyaga Sang Adipati ing Jipang | waosira cinangking | pan biring lanangan | dhangdhang mungsuh wastanya | turăngga sampun cumawis | pun gagak rimang | sigra dipun titihi ||
11. Ki Mataun wanti-wanti aturira | adhuh ki adipati | kèndêla sakêdhap | angantosana bala | paduka dipun gêlari | ki adipatya | mirsa pan wuwuh runtik ||
12. Pangeran Arya Jipang darbe sudara | nanging ta seos bibi | Ki Arya Mataram | iya kêkasihira | kapang-kapang anututi | sangêt turira | tuwan kèndêla dhingin ||
13. jêng paduka angantosana ing bala | angling sang adipati | lah sira mindêla | ingsun măngsa wêdia | wus pantêse wong ajurit | dèn byok ing kathah | pan nora sun gingsiri ||
14. wanti-wanti ingkang rayi aturira | kang raka sangêt runtik | iya ranmu uga | sadulur seje biyang | pan nora kadêrêng mami | ngajak ing sira | kang rayi sangêt runtik ||
--- 301 ---
15. inggih sampun tan kenging kawula eman | pasthi arêbut urip | Mataun abongklang |[17] anusul kapang-kapang | nanging tan nora nututi | pun gagak rimang | panandêre lwir mimis ||
16. Ki Mataun wus tuwa ing wayahira | pan duwe lara mêngi | ri sasaya[18] têbah | lawan Ki Arya Jipang | kocapa ingkang maranti | Ki Pamanahan | kulawăngsa rinakit ||
17. Kyai Juru Pamanahan lan kang putra | sakawan Ki Panjawi | wangsane sadaya | mapan sampun tinata | abaris pinggiring kali | gêgaman Pajang | anèng ing wuri têbih ||
18. saking kêbate panandêring turăngga | Arya Jipang wus prapti | sawetan bêngawan | Sore katon gumawang | wong Sêsela aningali | yèn Arya Jipang | andêr prapta pribadi ||
19. Adipati Jipang gandhêg[19] sabrang wetan | anèng pigiring kali | lèpèn sore ika | sampun adhêp-adhêpan | kocaping wêwalêr dhingin | sapa kang nabrang | pasthi apês kang jurit ||
20. wong Sêsela surak lir pendah ampuhan | ingkang nindhihi baris | têtiyang tantama | apan wong pêpilihan | angrampit pinggiring kali | ayun-ayunan | sami angati-ati ||
21. Adipati Jipang asru angandika | hèh sapa kang kardi |[20] sung layang maringwang | mara sira nabranga | ngong kêmbulana ngajurit | dhêdhêmên ingwang | yèn kinêmbulan jurit ||
--- 302 ---
22. wong tamtama wong Sêsela samya ngucap | lah iya gusti mami | sung surat mring sira | iya Dipati Pajang | nabranga ingsun kêmbari | dudu prawira | yèn kandhêga ing kali ||
23. lamun sira arya tuhuning prawira | yêkti sira nabrangi | ingsun tan suminggah | nadhahi yudanira | apan wus tandhinging ugi | padha prawira | nadhahi padha siji ||
24. Adipati Jipang kalangkung bramatya | kudane dèn camêthi | asangêt ginêbyag | Adipati ing Jipang | anuli gêbyur ring kali | pun gagak rimang | kêbat dènnya anglangi ||
25. anglwir palwa angsal angin dhinayungan | nora cêcêping gigir | surak wong Sêsela | apan sami prayitna | Pamanahan lan Panjawi | myang putranira | Ki Juru tan atêbih ||
26. sarêng prapta ing pinggir Ki Arya Jipang | ginarudug ing bêdhil | sinosog ing watang | linêmbing binakolang | sinurak awanti-wanti | Ki Arya Jipang | kudane dèn cêmêthi ||
27. gagak rimang glis lumumpat anglir kilat | tibèng têngahing baris | kinarya wot pisan | janma kathah katujang |[21] ambakot nepak ngidêki | wonge Sêsela | akathah ingkang kanin ||
28. tinumbakan Ki Arya Jipang tan pasah | apan nora tinolih | mung Dipati Pajang | pinusêng ingularan | kang dadya têlênging ati | ki arya mojar |
--- 303 ---
Si Pajang ana ngêndi ||
29. kang asanggup angêmbari yudaningwang | tandhing prang padha siji | mêngko angucira | têka ngandêlakên bala |[22] katêmua pasthi mati | de ngastaningwang | dene nora nangguhi ||
30. wong tantama lawan santana Sêsela | ika mêksih nadhahi | anosog sing wuntat | maring Ki Arya Jipang | sangking ngarsa kanan kering | singa katrajang | wong Sêsela kwèh mati ||
31. sing katrajang wong Sêsela bubar-bubar | wong Pajang surak sami | lwir karêngèng wiyat | swaraning wadyabala | dipati suka ing galih | pangrasaning tyas | lwir wong binayangkari ||
32. pangamuke lwir banthèng atawan brana | rinoban ing ajurit | sira Arya Jipang | watêk tiyang satunggal | wêkasan anandhang kanin | lambunge kanan | jêjaringane mijil ||
33. jêjaringan sinampirakên warăngka | apan maksih kawawi | tan kandhêg ki arya | pangamuke kotbuta | pan sampun awuru gêtih | sing katarajang | wong Sêsela kyèh mati ||
34. duk samana wong Sêsela ingkang pêjah | kadi babadan pacing | wangke anggulasah | ingamuk Arya Jipang | watêking wus nandang kanin | sira Ki Arya | datan anêdya urip ||
35. pangamuke Ki Arya pan tanpa lawan | sing kang katêmpuh gusis | wau kawarnaa | sira Ki Pamanahan | wruh yèn wong Sêsela ngisis [ngi...]
--- 304 ---
[...sis] | akathah pêjah | arsa tulung ajurit ||
36. lawan Ki Panjawi akarsa tumandang | wau Radèn Ngabèi | kang datan sarănta | sangking wantêring manah | ningali wong sakwèh mati | tan tari ngrama | sigra mangsah rumiyin ||
37. waos pun Palèrèd ingagêm ingêmbat | mangsah sira ngajurit | ya ta Arya Jipang | kang sampun nandhang brana | pangamuke wuru gêtih | sira rahadyan | kapale dèn titihi ||
38. mangsah ngrana rahadyan angêmbat watang | Ki Juru anututi | èstri kapalira | wau kang tinitihan | miwah sira Ki Panjawi | lan Pamanahan | kêbat samya nututi ||
39. apan sampun sami ngampingi kang putra | Ki Arya aningali | yèn pinagut ing prang | mring têtiyang nonoman | ya ta Ki Arya sira ngling | wong apa sira | wani ngadhangi mami ||
40. apan sira dudu mungsuh ingong aprang | Si Pajang ana ngêndi | kang nanggupi ringwang | wani aganti watang | lah mara konên mêtoni | [...] | mupung ngong iki kanin ||[23]
41. sun tarima Si Pajang dudu wong lanang | yèn tan wani mêtoni | pan ngong wus kabranan | lah konên praptèng ngarsa | aja kang kaya sirèki | eman matia | rupamu nom apêkik ||
42. angur sira têka mundura lolonan | aja kongsi bêlahi [bêlah...]
--- 305 ---
[...i] | Radèn Loring Pasar | mirsa lingnya Ki Arya | rahadèn runtik ing ati | arsa numbaka | Ki Juru wus udani ||
43. yèn kang putra wau lintang runtikira | arsa nêkani wani | Ki Juru prayitna | wruh kudane kang putra | yèn mêksih bêlo kinoci | Ki Juru sigra | nguculkên kuda èstri ||
44. kudane Ki Arya ran pun gagak rimang | dupi wruh ing kudèstri | bêgar kuda ika | mobat-mabit kewala | miwah Rahadèn Ngabèi | kudane bêgar | tan kêna dèn titihi ||
45. watêking bêlo kudanira rahadyan | cêlêk lan kuda èstri | ngadêg ngulêr kilan | jinambak datan kêna | ambandhang nandêr lir mimis | sira rahadyan | ngrangkul gulu tumuli ||
46. nanging tan têbih watara sapambalang | kandhêg anuli bali | wus lilih manahnya | kudanira rahadyan | tumurun saking kuda glis | sira rahadyan | nuntun kuda abali ||
47. sarya nibakakên sêngara rahadyan | benjing nak putu mami | aja nugang[24] kuda | kêkocèn[25] yèn ayuda | pasthine angapirani | sira Ki Arya | asru dènira angling ||
48. hèh wong Pajang ayya sira angucira | lah payo padha bêcik | lah sira balia | radèn wus wangsul enggal | wus ayun-ayunan jurit | sira rahadyan | lan Arya Jipang mangkin ||
49. Arya Jipang kudane ran gagak rimang | dangu wruh kapal [kapa...]
--- 306 ---
[...l] èstri | tan kêna marêma | malah saya angrêbda | budine saya malahi | wruh kudanira | radèn tinuntun wingking ||
50. datan kaur Ki Arya ngingêr landhehan | turăngga mobat-mabit | wus rinampit ika | Ki Arya mring rahadyan | anulya dipun larihi | sangking ing dharat | panumbake ngênèni ||
51. saking ngarsa kaprajaya olih jaja | tatas ludira mijil | sangêting panumbak | jaja trusing walikat | ludiranira nututi | Ki Arya Jipang | amalês tan ngudhili ||
52. nulya niba wau sangking ing turăngga | Ki Arya angêmasi | têkan kudanira | kasambut anèng rana | jisime wus binabêcik | maring wong Pajang | asih pralinèng jurit ||
53. ya ta Radèn Angabèi Loring Pasar | waose dèn tingali | Ki Palèrèd ika | pucuk punggêl sabêras | gêgêtunira tan sipi | kang bangkat karya | pan Radèn Angabèi ||
54. tan antara Tumênggung Mataun prapta | sêdya bela ing gusti | angamuk paprangan | tinadhahan ngakathah | tumênggung wus angêmasi | murda tinigas | satêngahing ajurit ||
55. duk pinanjêr anèng pinggir lèpèn ika | ucapên ingkang kari | gêgamaning Jipang | muntab ngêbêki papan | duk sêmana kang winarni | pan sinêngkalan | iku sapta hèr nabi |[26]|
56. ambaranang kadi arga kawêlagar [kawê...]
--- 307 ---
[...lagar] | anggênggêng punang baris | kandhêg duk sêmana | anèng wetaning toya | miyarsa gustine mati | wadya ing Jipang | manahe brăngta kingkin ||
31. Asmarandana
1. mangkana Radèn Ngabèi | Loring Pasar angandika | astane sarwi angawe | lah wong Jipang tingalana | gustimu wus palastra | apa ingkang sira rêbut | kudu abela tulangan ||
2. gustinira wus ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | udu ta iki sirahe | Tumênggung Mataun Jipang | sun panjêr anèng tawang | rêbutên yèn sira purun | sapa kang milu abela ||
3. apan ta sira wong cili | iya milu-milu apa | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | ya ta kawula Jipang | arêmbug sami abiluk | pan gustinira wus pêjah ||
4. sampun anabrang ing kali | sakèhe kawula Jipang | ngaturakên bongkokane | mring Ngabèi Loring Pasar | mangkana kawarnaa | apan kasaput ing dalu | kondur sami mangsanggrahan ||
5. ya ta agunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru alo[27] wuwuse | paran rêmbag pakanira | Kiyai Pamanahan | Ki Panjawi mangkya muwus | langkung karsa pakanira ||
6. manira têka umiring | măngsa borong pakanira | Ki Juru alon wuwuse | kang mêjahi Arya Jipang | pan anak [a...]
--- 308 ---
[...nak] pakanira | lamon aturna satuhu | dhumatêng sang adipatya ||
7. pasthi ganjarane kêdhik | yèn katura putranira | ingkang angaèsi gawe | nora atămpa nêgara | tan liyana ginanjar | kang adi awarni kampuh | daragêm ingkang ganjaran ||
8. kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong roro | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram ||
9. Ki Panjawi mangkya angling | kalawan Ki Pamanahan | inggih lêrês ki ipe |[28] pangandika jêngandika | katura sang dipatya | yèn sampun ubayanipun | yêkti tinagih ing prana ||
10. Ki Pamanahan mangkya ngling | yayi yèn mêkatên rêmbag | dawêg ingangkên wong roro | kang mêjahi Arya Jipang | ya ta sami arêmbag | Radèn Ngabèi arêmbug | ing karsane kang sudarma ||
11. enjing kêbating pawarti | wus katur Dipati Pajang | yèn kang mêjahi wong roro | pêjahe Ki Arya Jipang | lêlurah wong tamtama | wontên dene wastanipun | Ki Panjawi Pamanahan ||
12. wus enjing adandan sami | Ki Panjawi Pamanahan | asohan dhatêng gustine | arsa ngaturi uninga | yèn Arya Jipang pêjah | sarta
--- 309 ---
tur bandhanganipun | lan patêluke wong Jipang ||
13. sapraptane ngarsa sami | mangkana ing aturira | amba ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang dinamêl angamuk | katura ing sang dipatya ||
14. ngandika sang adipati | inggih ki raka anêndha |[29] lah pundi mangke rupane | wong Jipang kang milu seba | Pamanahan tur sêmbah | punika ta warninipun | ingkang waos binongkokan ||
15. dening mantrinipun nênggih | kang lênggah tarap punika | kang munggwing ing wingking adoh | sang andipati[30] ngandika | lah ki raka anêdha | timbalana kang sinêpuh | manira arsa têtanya ||
16. ya ta sampun dèn timbali | mantri kêkalih kang tuwa | sampun sami majêng karo | ki adipati ngandika | lah ingsun atêtanya | dhimin aduwe sadulur | Arya Jipang seje biyang ||
17. ing mêngko ana ing ngêndi | umatur kang pinariksa | wau wontên ing wingkinge | kang raka kala lumampah | pan wartine dinukan | kongsi dados runtikipun | kesahe datan pamitan ||
18. tilar bala tan tinolih | kala kesahe punika | kawula tan wrin puruge | Ki Adipati ngandika | dhatêng Ki Pamanahan | kakang dika kula tantun | lah kadipundi ing karsa ||
19. gon dika andum nagari | ing Pathi lan ing Mataram | kang pundi
--- 310 ---
kasrah kang anom | manira tan ngawruhana | măngsa bodho andika | pan pakanira kang sêpuh | kang yogya andum ganjaran ||
20. Pamanahan matur aris | inggih ing pandum kawula | rèh sêpuh kawula ngawon | pun adhi ingkang tampia | nagari Pathi ika | kawula kapanggih kantun | bêbakala ing Mataram ||
21. sang adipati lingnya ris | inggih Kakang Pamanahan | ecane ing manah ingong | yèn wus pratela panduman | manira darma pasrah | lah sampun tanggung ing laku | Kakang Panjawi tămpaa ||
22. dèn tampanana ing ngriki | nagara ing Pathi ika | Kakang Panjawi duwene | anuli dèn ulihana | nagara dèn tataa | kapanggih wingking kang sêpuh | tampia benjing ing Pajang ||
23. lan malih parentah mami | mring Ki Raka Pamanahan | sampun dika barêng mulèh | lawan ing lampah manira | pakanira kariya | marêka kakang bok ratu | angaturana uninga ||
24. yèn Arya Jipang wus mati | kang matèni pakanira | darapon eca manahe | aturana aluwaran | ayya wèt lara brăngta | dening ta wêwêkas ingsun | yèn dika wus tur uninga ||
25. anuli andika mulih | sampun kongsi lawas-lawas | ewuhaya ing lêlakon | anuli dika muliha | sumusula manira |
--- 311 ---
dening ing Mataram besuk | ngong srahakên anèng Pajang ||
26. lah uwis manira mulih | sakèh wêwêkas manira | kakang dèn padha kalakon | sigra atêngara bubar | sira Dipati Pajang | kang dhingin wadya asêlur | sang adipatya wus bubar ||
27. kawarnaa ingkang kari | ing wau Ki Pamanahan | minggah ing arga lampahe | apan wus ungkur-ungkuran | lawan Sang Adipatya | miwah wau lampahipun | Ki Panjawi sampun bubar ||
28. datan kawarna ing margi | Ki Panjawi lampahira | prapta Pathi nagarane | apan cacah wong salêksa | manggih nagara arja | Ki Panjawi wus jêjuluk | Ki Agêng Pathi sêmana ||
29. kalangkung dening amukti | Ki Agêng ing Pathi ika | kang kawarnaa lampahe | Ki Pamanahan wus prapta | ing gunung Danaraja | Kyai Juru kang tut pungkur | apan datan kêna têbah ||
30. sapraptanira ing ardi | wau Kyai Pamanahan | lawan Ki Juru kanthine | sampun katur ing ratu mas | anuli ingandikan | prapta ing ngarsa umatur | Pamanahan mring ratu mas ||
31. mangkana aturirèki | lampah kawula punika | ratu mas ngutus wiyose | dhatênge rayi paduka | Adipati ing Pajang | kinèn tur paksi sang ratu | yèn pun Arya Jipang pêjah ||
32. kawula kang amêjahi | pêjahipun lan apêrang | sarta lawan pêpatihe | kang tumut bela palastra |
--- 312 ---
wontên ing adilaga | wontên dene murdanipun | pêpatihipun katigas ||
33. miwah sakathah wong cili | wadya ing Jipang sadaya | sampun têluk sakathahe | agêng alit sumawita | mring rayi tuwan Pajang | kagyat miyarsa Sang Ratu | bungah amarwata suta ||
34. Ratu Lèpèn Nyamat angling | dhumatêng Ki Pamanahan | adhuh nyawa ariningong | sokur yèn Si Jipang pêjah | kang amêjahi sira | ingsun tan duwe sadulur | yayi amung jênêngira ||
35. kang yogya ingsun ngèngèri | iya amung pakanira | lah ing mangko karsaningong | Kalinyamat iki uga | miwah ta ing Prawata | sakarsanira angangkuh | tan ngrasa dêduwe ingwang ||
36. Ki Pamanahan wotsari | inggih anuhun kawula | Ratu Mas ing pasihane | nanging ta badan kawula | inggih sampun ginanjar | nagari wasta Matarum | kang katampèn ing kawula ||
37. dening nagari ing Pathi | tunggil kang dados ganjaran | nanging kawula sungake | dhatêng pun adhi punika | kawula ngalualah | rèh kula ingangkah sêpuh | abêbakal ing Mataram ||
38. Ratu Kalinyamat angling | lah iku luwih prayoga | anadene sêranane | barana ing Kalinyamat | iku sira usunga | gawanên maring Matarum | sira gawea bêbakal ||
39. iya sarupane yayi | têtinggale kakangira |
--- 313 ---
ingsun wus pasrah dhèwèke | Ki Pamanahan wotsêkar | langkung panuhunira | lawan malih aturipun | Pamanahan mring kang raka ||
40. inggih kalangkung kapundhi | ing sih pitajêng sampeyan | kang dhawuh ing raganingong | nanging nênuhun kawula | kang kasuwun punika | pusaka ingkang rumuhun | kang awarni bêbarkatan ||
41. Ratu Kalinyamat angling | lah yayi ayya sumêlang | wus kalêbu ujar ingong | sira ingkang aduwea | ingkang warni pusaka | alah iki warnanipun | mirahku si manjangan bang ||
42. lawan iki ana malih | intên si uluk wastanya | lah yayi wus jangkêp roro | iki sira tampanana | karo wus tinampanan | Pamanahan matur nuwun | kang raka sarwi ngandika ||
43. iku ta wawêkas mami | yayi sira dèn abisa | mêpêt sakèhing wiraos | aja na kang wong miyarsa | pasthine iku uga | yèn kawarta gawe lampus | lah poma dèn bisa sira ||
44. miwah kang rupa pawèstri | iku padha tampanana | mapan iku pawongane | kakangira ing Prawata | miwah ing Kalinyamat | dene kang anom-anom iku |[31] ana ingkang sêsêngkêran ||
45. kang pawèstri iku ugi | iya yayi wruhanira | ana ingkang santanane | lah padha sira gawaa | măngsa bodhoa sira | ingsun tan kawasa gadhuh | kang padha rupa wanodya ||
--- 314 ---
46. nadyan anaa kang kari | amunga kang wus winayah | kang patut ngladèni ingong | rèh ingsun uwus apapa | măngsa bodhoa sira | ingsun pracaya sirèku | lah uwis dèn bêcik sira ||
47. ya ta rajabrana mijil | kang nampèni wong Sêsela | miwah kang rupa wong wadon | wus winêdalakên sadaya |[32] kabèh pan wus kawongan | Ki Pamanahan Ki Juru | anuhun pamit wotsêkar ||
48. kawula anuhun pamit | Ratu Kalinyamat mojar | iya dèn aris lakune | lan malih sira matura | maring yayi dipatya | yèn gêdhe tarimaningsun | tanbuh kang sun walêsêna ||
49. ri sampunira apamit | wong roro wus sami bubar | sangking ing gunung sira lon | tan kawarna lampahira | mampir praptèng Sêsela | anantun kang anak putu | miwah ingkang kulawăngsa ||
50. agêng alit pan tinari | kang trêsna sami binêkta | bandhu lawan sêntanane | kinêrig kang sami trêsna | tumut dhatêng Mataram | kulawăngsa kathahipun | watawis wong kalih bêlah ||
51. mangkana datan winarni | Ki Pamanahan wus bubar | sangking Sêsela lampahe | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Pajang | Kyai Pamanahan laju | marêk dhatêng sang dipatya [di...]
--- 315 ---
[...patya] ||
52. Kyai Juru datan kari | sapraptanira ing ngarsa | Ki Pamanahan ature | dhumatêng Dipati Pajang | sampun dhatêng kawula | rèhning kawula ingutus | marêk ing raka paduka ||
53. ngutus kawula tur paksi | dhatêng Ratu Lèpèn Nyamat | inggih sampun katur kabèh | yèn pêjah pun Arya Jipang | miwah salir prakara | têlas sadaya pan katur | dhatêng Ratu Lèpèn Nyamat ||
54. kalangkung suka ing galih | raka Tuwan Lèpèn Nyamat | sapunika andikane | datan rumaos sagêda | lamun amangsulana | sangking sih sampeyan agung | muhunga srah kang sarira ||
55. kalayan amba bêktani | raka Tuwan Lèpèn Nyamat | warni raja baranane | ing Lèpèn Nyamat sadaya | miwah warni wanodya | binêktakakên sadarum | têtilare raka tuwan ||
56. dene pawèstri kang kari | kang pinêndhêt raka tuwan | ingkang asêpuh kemawon | liya punika kabêkta | dhumatêng ing kawula | punika ing mangke katur | kawula darma ambêkta ||
57. măngsa borong sang dipati | inggih ing lampah kawula | apan adarma kemawon | anglampahi pangandika | punapa kang kabêkta | apan wajibipun katur | sang adipati ngandika ||
58. kakang atarima mami | sih pracaya pakanira | ingkang
--- 316 ---
marang jênêng ingong | pan kayanira wus kathah | kang katampan maringwang | Arya Jipang patinipun | sarta nagarane pisan ||
59. milane puniku mangkin | santuk-antuk pakanira | kakang sakèh gêgawane | kakang êmbok Kalinyamat | pakanira duwea | manira tan milu-milu | iku waris pakanira ||
60. amung ngong arsa udani | ingkang arupa wanodya | manawa na prayogane | kang layak ngong karsakêna | ya ta wus tinimbalan | sakèh wanodyantukipun | ing Kalinyamat punika ||
61. wus sinaosakên sami | ing ngarsane sang dipatya | sampun pinariksa kabèh | sakathahe kang wadya |[33] nanging tan ana layak | amung satunggil kang timur | kang sinêngkêr sang dipatya ||
62. pan rare dèrèng birai | ingkang sinêngkêr punika | sang dipatya ngandika lon | dhumatêng Ki Pamanahan | lah kakang titip ingwang | maring rare wadon iku | dèn pênêd gène rumêksa ||
63. puniku yèn wus birai | manira lêbokkên pura | Ki Pamanahan ature | inggih dhumatêng sandika | punika kasantana | dhatêng rakandika ratu | sang dipatya angandika ||
64. lah uwis muliha dhimin | maring wisma pakanira | ki raka besuk ngong miyos | yèn wis aso pakanira | dening [de...]
--- 317 ---
[...ning] desa Mataram | têka dèn sabar karuhun | măngsa wandeya atămpa ||
65. Ki Pamanahan wus mijil | wau saking dalêm pura | sampun prapta ing wismane | datan kawarna laminya | pan wus langkung antara | wangsul-wangsul wiyosipun | dipatya tan angandika ||
66. pan nagari ing Matawis | kang badhe dados ganjaran | anging akêdhik cacahe | cinarita mêksih wana | nagara ing Mataram | kalangkung angayun-ayun | kang wasta Ki Pamanahan ||
67. Ki Juru amituturi | dipun asabar ing karsa | măngsa wandeya kalakon | ngêndi ana ratu cidra | nanging inganti uga | durung ungsum tibanipun | sampun para sakit driya ||
68. sangsangya alami-lami | pan sami kèndêl kewala | adipati tan miraos | sangsaya nora darana | wau Ki Pamanahan | sangsaya merang kalangkung | dening sunan mêdyèng ujar ||
69. adhêdhêkah ing Banglampir | Ki Pamanahan samana | saya gagas wirange |[34] wus lawas tan ana seba | maring Dipati Pajang | dèn palaur adhêdhukuh | ambantêni kang sarira ||
70. mangkana ingkang ginupit | Panêmbahan Kalijaga | pan nora samar tingale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah | karsane wau têtulung | têtinjo Ki Pamanahan ||
71. sakêdhap prapta Banglampir | Susunan Kalijaga |[35] Ki Pamanahan ngêlosod | dening Panêmbahan [Panêmbah...]
--- 318 ---
[...an] prapta | wau Ki Pamanahan | sumungkêm padaning guru | sampun atata alênggah ||
72. ngandika sang mahayêkti | ya pagene kaki sira | têka dhêdhukuh ing kene | pagene nora tulusa | gènira asuwita | apan sira tunggal kawruh | kalawan Ki Jêbèng Pajang ||
73. Ki Pamanahan ngabêkti | kawula anuhun duka | putra paduka ing Paos | angowahi ing ubaya | milanipun kawula | inggih asangêt tan purun | sumawita ratu cidra ||
74. mèsêm Sinuhun ing Kali | arum wijiling wacana | aja ta sira wiraos | apan ingsun wus uninga | karsane manahira | alah payo mêngko ingsun | kang angatêr marang sira ||
75. apêpanggiha pribadi | kalawan ta arinira | apan wus tunggal paguron | kalawan Ki Jêbèng Pajang | singa ingkang dêduwa | yakti ingsun kang amatut | aja na wêganging karsa ||
76. lah payo sun atêr kaki | maring nagari ing Pajang | sira pêpanggiha dhewe | saksana sang apandhita | lumampah dhatêng Pajang | Ki Pamanahan tut pungkur | datan kawarna ing marga ||
77. anjujug ing dalêm puri | lumêbêt tanpa larapan | sarêng prapta ing kadhaton | kagyat denira tumingal | ya ta Dipati Pajang | agêpah dènnya tumurun | tur sarwi nungkêmi pada ||
78. sampun atata alinggih | panêmbahan angandika | Ki Jêbèng
--- 319 ---
apa karane | sira cidra ing ubaya | maring ing kakangira | apan sira wus asanggup | awèh nagara Mataram ||
79. pan timbangane ing Pathi | Mataram tan kalampahan | kakangira ingkang anom | kakangira ingkang tuwa | pan dèrèng kalampahan | atampi ganjaranipun | Dipati Pajang tur sêmbah ||
80. mila nagri ing Matawis | dèrèng kasungkên pun kakang | dening maksih cêkar[36] garèng | ping kalihe mêksih wana | wêwêngkon ing Mataram | akêdhik têtiyangipun | sêdyane manah kawula ||
81. pun kakang kawula sungi | nagari ingkang agêmah | dawêg ocal prayogine | panêmbahan wus uninga | jro tyase sang dipatya | lawan malih batinipun | kalawan Ki Pamanahan ||
82. ya ta angandika malih | Panêmbahan Kalijaga | pagene têka mêngkono | pan wus kalêbu ing ujar | bêcik nadyan alaa | aja angowahi sanggup | apan wus jangjine ana ||
83. Mataram lawan ing Pathi | iku kang dadi ganjaran | aja na ujar kapindho | lah uwis sira srahêna | maring ing kakangira | tulusa dadi sadulur | atuta lir guladrawa ||
32. Dhandhanggula
1. Sang dipati dangu tan kêna ngling | kèmêngan ing tyas apan akarsa | nora dèn aturna kabèh | sasuraning kalbu |[37] dados goroh mungguhing batin | sayêkti sang dipatya | sangêt jrih ing guru |
--- 320 ---
wasana matur anêmbah | dhatêng guru omba kamipurun ugi | umatur dhatêng tuwan ||
2. apan omba midhangêt rumiyin | wirayatipun Sinuhun Ngarga | punika benjing ing têmbe | wontên umadêg ratu | kadi ămba nagri Matawis | ya ta sang apandhita | angandika arum | hèh Ki Jêbèng Pajang gampang | yèn mêngkono iya kakangira mangkin | dimone aprasêtya ||
3. lah Jêbèng Pamanahan sirèki | prasêtyaa sun sêksèni sira | Ki Pamanahan nulya ge | atur sêmbah ing guru | inggih amba tuwan sêksèni | lamon omba darbea | kayun madêg ratu | sêdya jumênênga sunan |[38] nèng Mataram prasêtya kula puniki | awak kula priyăngga ||
4. yèn damêla piala wak mami | sêdya ngêndhiha karaton Pajang | ing awak kawula dhewe | sampun pênêd tinêmu | sapa sintên wikan benjing |[39] sawuri-wuri amba | gaibing Hyang Agung | langkung karsaning Pangeran | panêmbahan angandi iya uwis |[40] pan bênêr ujarira ||
5. iya jêbèng datan ana sisip | ujarira wau Sang Dipatya | ing Pajang lêga galihe | dènnya miyarsa wuwus | angèstokkên sapa wruh gaib | kêna ing ujar keras | panêmbahan muwus | lah uwis Ki Jêbèng Pajang | apasraha padêdesaning Matawis [Matawi...]
--- 321 ---
[...s] | sungêna kakangira ||
6. Adipati ing Pajang wotsari | dhatêng ing guru saaturira | sumăngga ing asta kalèh | kula langkung jumurung | alah kakang dika tampèni | inggih dhusun Mataram | taksih wana tuhu | Ki Pamanahan saksana | anampèni nênggih desa ing Matawis | ingkang dadi ganjaran ||
7. panêmbahan angandika aris | lah uwis jêbèng sira muliha | maring Mataram dèn age | aboyonga sirèku | lan saanak rabinirèki | ingsun amini sira | tulusa sadulur | iya lawan arinira | jêbèng Pajang alah iya kaki uwis | sira padha kariya ||
8. lah ingsun kaki apamit mulih | sigra atur sêmbah kalihira | mangkana ing sawingkinge | Jêng Panêmbahan wau | Pamanahan wus pamit mijil | mantuk ing wismanira | apan wus atêmu | lawan wau garwanira | miwah putra pêpêk sanak rayatnèki | sadalu pagunêman ||
9. rêrêmbugan lan Juru Martani | sampun arêmbag dènira akarsa |[41] boyong dhatêng Matarame | Ki Pamanahan wau | putranira pitu winarni | ingkang jalu lêlima | kalih èstrinipun | pan sampun sami akrama | wus pêputra kang jalu lawan kang èstri | nênggih pambayunira ||
10. kang anama Rahadèn Ngabèi | Loring Pasar apan tan ingetang | kang tuwa lawan anome | kêkasihe duk [du...]
--- 322 ---
[...k] timur | Radèn Jambu ingkang satunggil | Radèn Santri malihnya | lawan malihipun | Radèn Tompèng ingkang nama | gangsalipun Radèn Kadhawung anênggih | kêkalih kang wanodya ||
11. kalih pan sampun sami akrami | satunggal antuk Tumênggung Mayang | wontên dene satunggile | apan akrama antuk | ya Ki Arya ing Dhadhap Tulis | sami mantri ing Pajang | apan kalihipun | sami nutakên lakinya | putra èstri kêkalih karsanirèki | tan tumut mring Mataram ||
12. sêmana kawarnaa ing enjing | apan sampun dènira adandan | Ki Pamanahan karsane | saos ing gustinipun | pan akarsa ngaturi pamit | dhatêng Dipati Pajang | ingiring ing sunu | miwah putrane kang tuwa | Radèn Angabèi Loring Pasar ngiring | prapta ing panangkilan ||
13. Ki Pamanahan sampun apanggih | lawan Sang Adipati ing Pajang | anèng pasewakan andhèr | sadaya putranipun | Kyai Pamanahan aganti | ngujungi sang dipatya | miwah putra sêpuh | Radèn Ngabèi samana | rêrangkulan wau kalawan kang rayi | ya Pangeran Bênawa ||
14. rêrangkulan awaspa mijil |[42] kalihira kang rayi kang raka | Radèn Ngabèi dalinge[43] | dhuh yayi mas riningsun | lah pun kakang akarsa mulih | mring desa ing Mataram | kantun ariningsun | ngaturi
--- 323 ---
pamit pun kakang | aturira Pangran Banawa mlasasih | saha asêmu waspa ||
15. inggih ta kakang sampun alami | benjing nuntên paduka wangsula | atinjo ing ulun malèh | tan bêtah pisah ulun | lan paduka kadosa pundi | kakang polah kawula | lamia tan têmu | kakang kalawan paduka | ya ta Ki Pamanahan umatur aris | dhatêng Sang Adipatya ||
16. aturira angaturi pamit | sang dipatya ngandika lah kakang | sami-sami rahayune | salamêta kang kantun | salamêta ingkang lumaris | nulya auluk salam | ya ta Kyai Juru | atur pamit mring dipatya | apan sampun jawat tangan lan dipati | lèngsèr Ki Pamanahan ||
17. ingkang putra sadaya umiring | wêdalira sangking panangkilan | sang dipatya jêngkar age | apan ngadhaton sampun | kawarnaa kang sampun mijil | sangking pasowan prapta | wisma sami lungguh | wau Kyai Pamanahan | putranira èstri kalih sarêng prapti | nungkêmi padèng rama ||
18. putra èstri kalih sarêng nangis | ingkang ngantuki Tumênggung Mayang | wau ingkang pamêkase | ingkang akrama antuk | Kyai Arya ing Dhadhap Tulis | inggih kalih punika | apan sami mantu | nênggih sami Mantri Pajang | Ki Pamanahan angling nak isun iki | babo aja karuna ||
19. rara sira dèn abisa ugi [u...]
--- 324 ---
[...gi] | gonira nutakên lakinira | witning sun tan bêtah anggèr | apisah lan sirèku | nanging kaya ngapa ta nini | bot wong aduwe priya | tan etang ramèbu | wus jamak wong laki uga | amung donganingsun maring sira nini | tulusa palakrama ||
20. lah uwis padha kariya nini | ingsun boyong mulih mring Mataram | kang putra nangis kalihe | sarya tur bêktinipun | dhatêng rama kalawan bibi | dadya amêgat trêsna | kang lunga lan kantun | ingkang mantu kalih samya | atur sêmbah Ki Ariya Dhadhap Tulis | lawan Tumênggung Mayang ||
21. ya ta Ki Pamanahan sira ngling | alah ta payo uwis mangkata | pan mupung esuk mêngkene | santana para sunu | gya umangkat saanak rabi | asêlur kang rêmbatan | lan gotonganipun | sadandananing awisma | pan sadaya datan ana ingkang kari | gumêrah kala mangkat ||
22. apan sakulawăngsanya kêrig | dènnya boyong dhatêng ing Mataram | Ki Juru punapa malèh | kêrig sarayatipun | pan binêkta dhatêng Mêntawis | rêmbên ing lampahira | adhêndhên[44] ing ênu | wantu ngiringakên garwa | miwah ingkang para putra agêng alit | wanèh winot ing kuda ||
23. ana winot banthèng lan jêjawi | para garwa lawan sêlirira | anitih joli tandhune | mangkana lampahipun [la...]
--- 325 ---
[...mpahipun] | rêreyongan samargi-margi | rêmbên èstri lampahnya | rantaban dinulu | ana kang rare ingêmban | sakèhing bêbêktan rêmbatan anggili | tanapi kang gotongan ||
24. adulur kang kari lan kang dhingin | miwah ingkang awarni gotongan | kasur lawan gêgulinge | myang karang ulunipun | pan binêkta tan ana kari | aboyong mring Mataram | duk kararyan wau | lampahe Ki Pamanahan | sanak putu andhèr sor waringin taji | wau ingkang kocapa ||
25. Ki Gêdhe ing Karanglo anênggih | apan sampun cêcawis sêmana | ngaturi suguh karsane | dhatêng ingkang lumaku | kang arèrèn soring waringin | Kiyai Pamanahan | ingkang dèn sêsuguh | akathah pisêgahira | pangajênge jangan mênir pêcêl pitik | pawingkinge akathah ||
26. pirang-pirang gotongan kang prapti | Ki Gêdhe ing Karanglo agêpah | dènnya sêgah lan garwane | prapta luk salam sampun | nulya sami tata alinggih | dahat amrih sihira | Ki Karanglo matur | kawula ngaturi sêgah | sêkul satajung tanpa ulam puniki | yya kirang pangapura ||
27. Ki Pamanahan nauri aris | inggih nêdha Ki Bayi manira | nulya sami dhahar age | adhahar adunipun | pêcêl pitik lan jangan mênir | wau
--- 326 ---
Ki Pamanahan | adhahar sakantun | lan saanak rayatira | apan tuwuk sadaya dènnya abukti | ri sampuning dhadharan ||
28. Ki Pamanahan ya ta sira ngling | inggih Ki Bayi apan manira | kapiutangan agêdhe | pintên banggi ing besuk | pan manawi manira bakit | amangsuli sih para | kang dhawuh maring sun | ya ta ature mangrêpa | Kyai Gêdhe Karanglo inggih tan kenging | amba matur punika ||
29. Ki Pamanahan mangkat tumuli | Ki Gêdhe Karanglo atut wuntat | sêdya ngatêrkên lampahe | dhumatêng ing Matarum | langkung dènnya aminta kang sih | dhatêng Ki Pamanahan | Ki Karanglo wau | wontên karaosing manah | kang ing têmbe wontên ngarsa-arsa ugi | wau ingkang kocapa ||
30. nênggih Kajêng Susunan ing Kali | dawêg siram anèng lèpèn Umpak | Ki Pamanahan lampahe | kagyat sira andulu | dhatêng guru sang maha yakti | sigra pinalayonan | prapta nêmbah sampun | mring guru sang apandita | agya nyandhak suku ingkang têngên nênggih | wau kang winasuhan ||
31. Ki Gêdhe ing Karanglo sirèki | amasuhi padane kang kiwa | risang pandhita sukune | sampuning masuh suku | sang ayogi Kalijaga ngling | maring Ki Pamanahan |
--- 327 ---
myang kêkalihipun | Ki Gêdhe Karang ika |[45] lah Ki Jêbèng iya dèn patut sirèki | dènnya sami kêkadang ||
32. lawan saturunira ing benjing | Ki Gêdhe ing Karangêlo sira | lah milua mukti bae | nanging tan wênang besuk | anunggana jêmpana joli | iya saturunira | lan tan wênang sêbut | êmas lawan radèn ika | alah uwis lajua lampahirèki | Ki Jêbèng Pamanahan ||
33. ya ta lajêng mring nagri Matawis | Ki Pamanahan myang para putra | pan sami angiring kabèh | lan kulawangsanipun | tan kawarna lampahnya margi | sampun prapta Mataram | wau kang jinujug | pan sakilèning wiyara | dhinukuhan sakulawangsanya sami | tata-tata pemahan ||
34. rupa mantri winisayèng janmi |[46] sangkalane duk katêruka |[47] Ki Agêng nèng Matarame | kathah pala gumantung | lawan murah kang bêras pari | tan ana kang tinumbas | miwah kang tinandur | ukur tumiba ing lêmah | apan dadi sarwa ana amêpêki | barang tinakokêna ||
35. palêmahan nagari Matawis | kalangkung loh ajênawinira | arata jêmbar pasitèn | tan ana cacatipun | pan apasir lawan awukir | pacangkraman akathah | ing dharat ing banyu | arêmbug pasitènira | tur awêdhi saparan-paranirèki | toya wêning sumbêran ||
36. apan sangsaya kathah
--- 328 ---
wong prapti | ingkang awisma anèng Mataram | miwah saanak putune | tan pêgat tiyang rawuh | ingkang sami ngaturi bêkti | miwah atur dhadharan | myang wowohanipun | lan akathah atur ulam | ulam êluh sami ngaturakên maring | Kyai Agêng Mataram ||
37. tulus suka awibawa mukti | ingkang adhêdhêkah ing Mataram | lawan sakulawangsane | miwah kang para sunu | datan ana winalang ati | tulus kamuktènira | sakarsanya tutug | Kyai Gêdhe ing Mataram | nutug dènnya amukti pinundhi-pundhi | dening wong sa-Mêtaram ||
38. nanging Kyai Agêng ing Matawis | kala sêmana kang mêksih ketang | Sunan Pajang andikane | kala matur ing guru | mrasêtyakên wirayat Giri | yèn benjing ing Mataram | wontên ratu agung | mila Ki Agêng Mataram | panyiptane nadyan wontêna nrêpati | ywa liyan satêdhaknya ||
39. marmi tanya Ki Agêng Matawis | têksih asangêt kasutapanya | rikala pênêd sasine | tansah ambantêr laku | angirangi ing dhahar guling | tan pêgat atirakat | dhatêng Gunung Kidul | miwah dhatêng Pamantingan | gènnya tapa sêmana Kyagêng Matawis | adarbe prasanakan ||
40. akêkasih Ki Agêng ing Giring | kang sêbut Ki Agêng Paderesan [Padere...]
--- 329 ---
[...san] | apan adèrès karyane | kalangkung rakêtipun | tan rumasa sanak mêmanggih | lwir sadhèrèk sayayah | anunggil saibu | tan ana taha tinaha | tunggil manah acarêm saeka kapti | sêmana kawarnaa ||
41. kala sêmana Ki Agêng Giring | wayah enjang ngugahi deresan | anèng ing pakarangane | nanging ana winuwus | pakarangan ana satunggil | tirisan tan amanggar | lamine tinandur | nanging kalane punika | dawêg wontên wohipun amung satunggil | wayah lagi dawêgan ||
42. prênahipun tirisan sumandhing | ajajar cêlêk ika kalawan | dèrèsane kyai gêdhe | ya ta deresanipun | duk samana dipun unggahi | Ki Gêdhe Paderesan | sapraptaning luhur | lagi atrap bungbungira | Kyai Gêdhe amirsa swara dumêling | lwir pangucaping janma ||
43. prênahing swara ingkang dumêling | anèng dawêgan satunggil ika | kang cêlêk lan deresane | mangkana swaranipun | hèh Ki Gêdhe wruhanirèki | sapa ingkang ngumbeya | marang toyaningsun | dèn êntèk babar sapisan | iku têmbe saturune dadi aji | amêngku tanah Jawa ||
44. kagyat ing tyas Ki Gêdhe ing Giring | mirsa swaraning dawêgan ika | nulya tumurun sira ge | sangking deresanipun | wus asèlèh bonjorirèki [bonjori...]
--- 330 ---
[...rèki] | tumulya ingunggahan | pinènèk agupuh | praptèng luhur wus ingalap | kang dawêgan cinangking mudhun aririh | sapraptane ing lêmah ||
45. sigra binêkta mantuk tumuli | deresane datan rinawatan | mung dèn pêlêng dawêgane | ingkang binêkta mantuk | praptèng wisma gya dèn parèsi | sawusing kaparesan | winagah ing kalbu | pangunjuking toya dwêgan | yèn ingunjuka mêksih enjing puniki | sinunggah datan têlas ||
46. nanging sadina punika ugi | Kyai Gêdhe tan anggodhog kilang | mung amêlêng dawêgane | mila kang pawon suwung | datan wontên tilasing gêni | tan kadi saban-saban | agung kutug-kutug | amung ing dintên punika | pawon suwung tan wontên tilasing gêni | wau Ki Gêdhe ika ||
47. wusing dawêgan dinugi-dugi | ingunjuk tan têlas babarpisan | anulya sininggahake | wau dawêganipun | nèng pêpaga gènnya ngrawati | saluhur pawon ika | Kyai Gêdhe gupuh | tumulya kesah mring wana | babad kajêng akarya kêsêling dhiri | sangêta kajêngira ||
48. karsanira Ki Agêng ing Giring | yèn sampun sangêt pangêlihira | arsa ngunjuk sarawuhe | wau sampun adangu | kesahira Ki Agêng Giring | ya ta Kyagêng Mataram | samana duk rawuh | ningali suwêng kang raka | Kyai Agêng Mataram tanya
--- 331 ---
sira ngling | mring Ki Giring garwanya ||
49. wontên pundi wakane puniki | dening sêpi Nyai Giring mojar | kesah wikana puruge | sangguping ambil kayu | dhatêng wana ambêkta kudhi | Ki Agêng ing Mataram | lampahira laju | dhatêng pawon karsanira | ngunjuk kilang aningali pawon sêpi | tumênga mring pêpaga ||
50. aningali dawêgan satunggil | nèng pêpaga sampun pinaresan | apan kantun ngunjuk bae | ya ta ingambil sampun | dêgan maring Kyagêng Mêntawis | binêkta dhatêng wisma | alinggih ing salu | sarya ambolong dawêgan | Kyai Agêng atanya mring Nyai Giring | puniki punapaa ||
51. têka botên kakang ngrêratêngi | godhog lêgèn pan kula punika | mampir ajêng jaluk lêgèn | Nyai Giring amuwus | inggih amung dintên puniki | karsane rakandika | aso kêsêlipun | Nyai Giring kagyat mulat | yèn dawêgan arsa ingunjuk kang rayi | apan sampun ingasta ||
52. agya ingampah mring Nyai Giring | Kyai Agêng Mataram amêksa | mangkana ing pangampahe | kiyai ariningsun | kang dawêgan puniku ugi | sampun andika têdha | inggih toyanipun | ing wau raka andika | wawêlinge dhatêng kula wanti-wanti | yèn wontên angunjuka ||
53. kula kinèn sangêt amalangi | yèn dawêgan siyos dèn unjuka | mandah
--- 332 ---
ta silih dukane | rakandika maringsun | yêkti ajrih dipun dukani | kula mring rakandika | Ki Agêng amuwus | inggih kakang sampun maras | manah dika mênawi dipun dukani | dika marang si kakang ||
54. têka dika abêbeja ugi | mring si kakang yèn kula kang mêksa | kang angunjuk dawêgane | dening yèn kakang bêndu | sakarsane bêndoni mami | sangking angêlak kula | saksana ingunjuk | toyane dawêgan ika | mring Ki Agêng Mataram langkung amanis | raosing toya dêgan ||
55. lan sangêt ngêlak Kyagêng Matawis | têlas toyaning dêgan satunggal | tan wontên kantun satètès | datan antara dangu | Kyai Agêng ing Giring prapti | wau sangking ing wana | wusing sèlèh kayu | anjujug ing pawon ika | sêsimpênan ing pêpaga dèn tingali | datan wontên katingal ||
56. mantuk manjing ing wisma tumuli | Kyai Giring Ki Agêng kapêdhak | alinggih anèng pantine | Kyagêng Giring alungguh | sarya angling takèn ing rabi | nyai mau sapa |[48] rawat dêgan ingsun | kang sun dokok ing pêpaga | paga pawon ingkang swarga[49] anauri | inggih rayi andika ||
57. rayindika Ki Agêng Mêntawis | apan botên kêni kula ampah | sêsambat sangêt ngêlake | kula sangêt tan asung | Kyai Agêng nambungi
--- 333 ---
angling | inggih kakang manira | wau kang angunjuk | sangking pangêlak manira | kumapurun manira andhêdhingini | sakarsa dika duka ||
58. gêgêtuning tyas Kyagêng ing Giring | adangu wau datan angucap | ya ta mupus ing jro tyase | watêking sampun luhung | gaibing Hyang ingkang kalingling | wruh yèn tan kêna owah | pasthining Hyang Agung | yèn Ki Gêdhe ing Mêntaram | kang sinungan takdiring Hyang mêngku Jawi | saturun-turunira ||
59. awêsana Ki Agêng ing Giring | aris mojar mring Kyagêng Mêntaram | lah adhi mêkètên bae | kadipundi gèn jaluk | darbèk kula kang wus binukti | mungguh dhatêng andika | rèhing asadulur | nanging panjaluk manira | rêmbag patut mring dika kang wuri-wuri | kênia gêgêntosan ||
60. Ki Agêng Mêntawis wruhing wadi | ri panjaluke Ki Giring ika | wus katampèn ing manahe | saosiking tyasipun | wus tan samar Kyagêng Mêtawis | ring Kyagêng Giring ika | sapanjalukipun | mangkana pangucapira | Kyagêng Giring lah kadipundi ki adhi | ing panêdha manira ||
61. manira têdha têdhak satunggil | têdhak pakanira kagêntenan | ing têdhak manira têmbe | Kyagêng Mantaram muwus | adhuh boya dèrèng kadugi | panjaluk pakanira | amapas sing tuwuh | manira pan maksih cuwa | Kyai Agêng ing Giring amuwus [a...]
--- 334 ---
[...muwus] malih | inggih lamon mêngkana ||
62. têdhak pindho adhi kadipundi | kagêntèna ing têdhak manira | Ki Gêdhe Mataram linge | puniku maksih tanggung | ing amukti dèrèng katawis | Ki Agêng Giring mojar | têdhak kaping têlu | puniku manira têdha | Kyai Agêng Matawis tan anglilani | nêdha têdhak kaping pat ||
63. datan suka Kyagêng ing Matawis | nêdha malih têdhak kaping lima | Kyagêng Mataram tan awèh | têdhak nêm kang jinaluk | datan suka Kyagêng Mêtawis | Ki Giring mêksa nêdha | têdhak kaping pitu | lingnya Ki Gêdhe Mataram | sapênêde sok sukaa ingkang kari | manira tan uninga ||
64. ri sampunya sami aprajangji | Kyai Agêng Mataram samana | anulya apamit mulèh | tan kawarna ing ênu | Kyai Agêng pan sampun prapti | ing padalêmanira | nagri ing Matarum | tan kawarna laminira | Kyai Agêng sêmana rêntêng kang galih | margi sangking kang putra ||
65. ingkang anama Radèn Ngabèi | ingkang karya susah galihira | sêmana ngiwa tingale | apan ta kumapurun | nyorok sêsêngkêran Dipati | Pajang warni wanodya | badhe sêlir panggung | kang kagadhuh ingkang rama | angsalipun wanodya punika nguni | sangking ing Kalinyamat ||
66. mila Ki Agêng manah kumitir | maras ajrih
--- 335 ---
mring Sang Adipatya | Pajang sangêt pêpacuhe | sangking watiring kalbu | kyai agêng karsanirèki | asowan dhatêng Pajang | atur sêtyanipun | sarya kang putra binêkta | karsa ingaturakên kang pati urip | dhatêng Dipati Pajang ||
67. sampuning dandan mangkat tumuli | Kyai Agêng sowan dhatêng Pajang | agêgancangan lampahe | kang putra datan kantun | kang anama Radèn Ngabèi | tan kawarna ing marga | sêmana wus rawuh | nênggih nagara ing Pajang | Kyai Agêng wus apamondhokan sami | enjing kang kawarnaa ||
68. sampun katur dhatêng sang dipati | yèn Ki Pamanahan ing Mataram | prapta kalawan putrane | kagyat tyas sang aulun | kadingarèn wakane prapti | baya ana karyanya | ingandikan sampun | umanjing sirèng jro pura | Ki Pamanahan cundhuk risang dipati | sampun auluk salam ||
69. sampuning uluk salam alinggih | Ki Pamanahan munggwing ing ngarsa | saha bukuh palungguhe | gya mangrêpa umatur | pan kawula sang adipati | ngunjukakên punika | pêjah gêsangipun | pun Ngabèi Loring Pasar | pan sumăngga ing karsa sang adipati | kawula suka lila ||
70. kagyat mirsa tyas sang adipati | ing aturira Ki Pamanahan | ya ta mangkana dikane | punapa dosanipun | sutaningwang Si Angabèi | pakanira apaksa |
--- 336 ---
tur patyaripipun | wruhan pakanira uga | Si Ngabèi iku suta ngong sayêkti | lan suta ngong kawitan ||
71. manira angkah gèn anênêkti | sutaningwang Si Ngabèi uga | manira eman dedene | têka mangkin agupuh | pakanira srahkên ing pati | manira tan anduga | punapi liripun | Ki Pamanahan turira | nuhun duka kawula sang adipati | sangking tiwas kawula ||
72. mila ing mangke pun Angabèi | kawula bêkta sowan punika | sumăngga pêjah gêsange | kalangkung kumapurun | anglangkungi karsa sang dipati |[50] inggih kang sêsêkrêran | punika ginanggu | ingkang sangking Lèpèn Nyamat | pan punika kang rinencang lambang sari | sangking tiwas kawula ||
73. punapa karsa sang adipati | apan kawula atadhah duka | sumăngga ing karsane |[51] ya ta lêga tyasipun | sang dipati aris dera ngling | lah ta lamon mangkana | manira jumurung | yèn Si Ngabèi arsaa | angrawati ing rare punika nguni | kang sangking Kalinyamat ||
74. lah pênêdipun puniku ugi | wakane nuli pinanggihêna | êngkèh benjing satêkane | nanging wawêkas ingsun | yèn tan wontên kanggone benjing | sampun dèn siya-siya | wakane sirèku | ingkang maksih rumaksaa | lan maninge
--- 337 ---
pakanira ngong waoni | amêngku bocah lanang ||
75. apan jamak yèn sampun birai | bocah lanang sinandhing wanodya | dadia arêm-arême | punapa malih iku | yèn rabia ingkang prayogi | ya ta Ki Pamanahan | mangrêpa andhêku | angraos kadukan ing tyas | ri sampuning têlas andika dipati | ya ta Ki Pamanahan ||
76. sampun atur pamit mring dipati | pamitira mantuk mring Mataram | gya mijil sangking purane | lajêng ing lampahipun | tan kawarna sira ing margi | wus prapta ing Mataram | manjing dalêmipun | sêmana datan winarna | polahira Radèn Ngabèi wus panggih | lan putri Kalinyamat ||
77. wus alama gènira apanggih | Radèn Ngabèi Saloring Pasar | lan putri Kalinyamate | apan sampun sumunu | apan jalêr putranirèki | anama Radèn Răngga | warnane abagus | rama ibu langkung trêsna | lami-lami Kyai Agêng ing Matawis | asowan dhatêng Pajang ||
78. kocapa malih Sang Adipati | ing Pajang apan kala sêmana | arsa umunjuk jênênge | wau duk lampahipun | sang dipati seba mring Giri | arsa jumênêng sultan | kêstrèna wong luhung | lampahe saglar sapapan | para mantrinira sadaya angiring | myang Ki Gêdhe Mataram ||
79. sêmana apan tumut umiring | ing lampahe Adipati Pajang | prapta ing Giri sira ge |
--- 338 ---
ya ta sarawuhipun | Adipati Pajang anangkil | Sunan Parapèn ika | pan sineba esuk | wontên ing Giri kadhatyan | pra niyaka Japan Wirasaba nangkil | pêpêk kabèh nèng ngarsa ||
80. Dipati Surabaya Kadhiri | Pasêdhahan wong agung wetan |[52] pêpêkan aseba kabèh | wong Madura tan katun |[53] Lasêm Tuban Sidayu Pathi | Dipati Pajang ika | ngandikan mring ngayun | kang minăngka palinggihan | binatur ing prangmadani pra dipati | samya linggih atata ||
81. kang para mantri tata alinggih | nèng wurining gusti sowang-sowang | lante lêlurah jajare | Ki Agêng ing Matarum | pan alinggih wontên ing wuri- | nira Dipati Pajang | ri sampune wau | Ki Adipati ing Pajang | ingèstrènan dhatêng Susunan ing Giri | jumênêng Sultan Pajang ||
82. apan punika babade nguni | rêsi têtiga wisayèng janma | nênggih mangkana babade | gya pêpundhutan mêtu | sangking pura lumintu mijil | prasamya ing ngajêngan | sakathahe wau | para dipati sadaya | wus sumadya prasamya adana bukti | pra dipati sadaya ||
83. Sunan Parapèn ngandika aris | dhatêng sakathahing pra dipatya | anak putuningsun kabèh | lah dèn padha apatut | aja ana kang amimiti | dèn padha tyas raharja | lan dèn padha sukur | ing Allah
--- 339 ---
Kang Maha Mulya | ing sajênêng-jênênge pribadi benjing | aywa na manah arda ||
84. ingsun têdha anak putu mami | padha salamêta dunya kherat | kang para dipati kabèh | sami asaur manuk | nuhun duka kawula sami | sih dalêm jêng susunan | kalangkung kasuhun | ya ta sagung pra dipatya | sakathahe sampun dènnya samya bukti | ambêng wus linorodan ||
85. lajêng pinatêdhakkên ing wingking | panakawan sampun cinarikan | sampun sami nêdha kabèh | ya ta sakathahipun | ri kang panakawan pan sami | tiningalan sadaya | mring Sunan ing Gunung | ya ta Ki Gêdhe Mataram | wau ingkang dèn tingali Sunan Giri | pandhita maharaja ||
86. apan anampani sêmu ghaib | nora samar mring Kyagêng Mataram | raja pandhita dêlinge | hèh Ki Pajang nak ingsun | alah sapa sintên puniki | wastaning panakawan | kang mangan angantun | Sultan Pajang aturira | abdi dalêm wastane punika nênggih | pun patinggi Mataram ||
87. cacah tiyang kawan atus nênggih | ingkang dipun rèhakên punika | raja pandhita dêlinge | sira kona mring ngayun | lawan ajajara alinggih | lan kang para dipatya | dyan Kyagêng Matarum | tur sêmbah linggih ajajar | lawan sakathahing kang para dipati | tansah pinandêng tingal ||
88. angandika Susunan ing Giri |
--- 340 ---
lah iya wruhanira sadaya | sakèh pra dipati kabèh | ya Ki Gêdhe Matarum | iku têmbe-têmbe ing benjing | anak putune uga | angrèh Jawa besuk | sakèhe wong nusa Jawa | iku besuk padha ngidhêp ing Matawis | Kyagêng Mataram mirsa ||
89. ing pangandikane Sunan Giri | dyan Ki Agêng Mataram mangrêpa | asujud anèng ngarsane | ngaras siti ing Gunung | sakalangkung anuhun ing sih | dhatêng sang apandhita | ya ta sang awiku | aris dènira ngandika | pasthining Hyang tan kêna ingowah gingsir | dadya Kyagêng Mataram ||
90. agya ngaturi dhuwung satunggil | dhatêng Susunan ing Giri ika | nulya tinampik[54] dhuwunge | samya kacaryandulu | sakèh ingkang para dipati | mring Ki Gêdhe Mataram | de cinêtha wau | amutêr rat bumi Jawa | sasampune mangkana Sinuhun Giri | nulya karya talaga ||
91. sakathahe kang para dipati | apan samya dhudhuk-dhudhuk sira | glising carita nulya ge | talaga dadi sampun | apan sampun dipun wastani | talaga winastanan | ing talaga Patut | ênggèning apêpatutan | apan sakathahe kang para dipati | pinatut nèng talaga ||
92. ri sampuning mangkana anênggih | sakathahe kang para dipatya | saksana umantuk kabèh | Sultan Pajang ing wau | nulya [nu...]
--- 341 ---
[...lya] pamit saha ngujungi | wus tinundhung mantuka | Ki Gêdhe Matarum | umiring ing Sultan Pajang | tan atêbih ngiring ing wurinirèki | tan kawarna ing marga ||
93. sampun prapta ing Pajang nagari | miwah Kyai Gêdhe ing Mataram | wus prapta wau lampahe | nagari ing Matarum | Sultan Pajang wau winarni | sêmana sinewaka | dening punggawa gung | miwah ingkang para putra | kabèh nangkil Sultan Pajang ngandika ris | tutur wirayat ika ||
94. hèh wong Pajang lah wruhanirèki | iya ing Mataram iku benjang | amutêr jaman sakèhe | ing nusa Jawa besuk | dadya sakwèhing para mantri | miwah kang para putra | kagyat mirsa tutur | kang wirayat Sunan Ngarga | ingkang putra Sultan Mas Bênawa nênggih | matur dhatêng kang rama ||
95. kawula nuhun duka nrêpati | manawi èstu benjing patikbra | Sunan Giri wirayate | upami ing Matarum | sinaengga wongwa sapêlik | yèn tan agya siniram | pêsthi têmahipun | tan wande angămbra-ămbra | yèn sawawi kawula kang anindaki | anggêcêk ing Mataram ||
96. para punggawa Pajang ngrêmbagi | saur paksi saaturing putra | Sultan Pajang andikane | Ki Banawa nak ingsun | iya bênêr têka sirèki | pira gênge Mataram | winatara iku | ginêcêk anggăndra pira | nanging
--- 342 ---
tan kêna ghaib karsa Hyang Widdhi | priye gon ngowahana ||
97. lamun wis takdire iku pasthi | lawan ta ingsun ajrih nêraka | Sunan Giri wêwalêre | sapa kang wiwit iku | yêkti nora anêmu bêcik | ya ta Pangran Banawa | mênggah manahipun | kadi srênggala cinancang | manahira sakathahing para mantri | sigêgên Sultan Pajang ||
98. kawarnaa Ki Agêng Matawis | sineba anak putu sadaya | pêpêk kang para putrane | miwah Kiyai Juru | amartani anèng ing ngarsi | lan kula kawaraga | Kyai Gêng Matarum | ing wau sira ngandika | wacana rum maring para putra sami | mangkana wawêlingnya ||
99. ing ya benjing ing sapungkur mami | wêwêkas ingsun marang ing sira | anak putuningsun kabèh | lamun nyata ing besuk | wirayate Susunan Giri | ing têmbe ing Mataram | pan cinêtha besuk | amêngku ing tanah Jawa | wêkas ingsun nganggea sira ing benjing | manah brăngta lêgawa ||
33. Asmaradana
1. Lawan malih wêkas mami | lamun benjang kalakona | Sunan Giri wirayate | yèn lunga anglurug sira | maring nagri bang wetan | anuta ing lakuningsun | lawan sultan mring Prawata ||
2. anuju Jumahat Pahing | kala ing sasi Mukharam | iku wêwurinên têmbe | lamon nagara
--- 343 ---
Mataram | linurugan wong wetan | ing benjing wawêkas ingsun | yèn sira mêtoni yuda ||
3. aja sira angliwati | ing gunung Kêndhêng ta sira | sayêkti apês yudane | lawan malih wêkas ingwang | yèn sira kalampahan | iya nagara Matarum | amêngku ing nusa Jawa ||
4. yèn sira karya bupati | aja liyan wong Mataram | ing besuk kang sira gawe | pan wong kawan atus isika |[55] rowang guna nastapa | lan malih wong kawan atus | yèn duwe dosa mring sira ||
5. apan dene dosa pati | kaki sira sapuraa | wong punika sadosane | yèn sira tan nyêpuraa | sadosane wong ika | anging silih gêtihipun | aja tiba ing Mataram ||
6. akathah lamun winarni | wawêkase ingkang rama | ya ta wau winiraos | padhêkahan ing Mataram | apan sampun agêmah | karta bandaripun agung | mirah sandhang lawan pangan ||
7. akathah têtiyang prapti | karasan wisma Mataram | dene tan ana winaon | nagari gêmah aripah | tan karangla ing manah | miwah pacangkraman agung | ing toya lan ing dharatan ||
8. samana nagri Matawis | lagi cacah tiyang dhomas | kalangkung dening muktine | Kyai Agêng ing Mataram | miwah kang kulawarga | sami eca manahipun | wus alama [a...]
--- 344 ---
[...lama] kawarnaa ||
9. Kyai Agêng ing Matawis | gêrah sangêt cinarita | pinasthi puput jênênge | pêpêk ingkang para putra | anungkuli kang rama | tanapi Kiyai Juru | Kyai Agêng angandika ||
10. mring Ki Juru Amartani | ki ipe para kantuna | dèn bisa dika amongmong | maring anak pakanira | ing sawuri manira | lawan yayi malihipun | kang gêntenana manira ||
11. putranira Ki Ngabèi | kang duwea ing Mataram | gih puniku prayogane | sasampunira mêmêkas | Ki Agêng nulya mafad | kang tangis apan gumuruh | sêmana wus siniraman ||
12. ya ta kinapan tumuli | nulya sira ingastana | kilèn masigit prênahe | ya ta wau sinangkalan | tata mantri wisaya- | ning janma sangkalanipun |[56] kulawarga kwèh karuna ||
13. sadaya sami prihatin | para putra kulawarga | ing wau sapatilare | Kyai Agêng ing Mataram | pêpêk kang para putra | angandika Kyai Juru | dhatêng kang putra sadaya ||
14. sakathahe putra mami | payo padha ingsun gawa | aseba maring ing Paos | atur uninga ing Sultan | yèn ramanira tilar | kaya priye karsanipun | sapa kang ginantosêna ||
15. kang putra sami umiring | ing wau sarêmbagira | ingkang para putra kabèh | satilare ingkang rama | ingkang sinêmbah-sêmbah |
--- 345 ---
suyud dhatêng Kyai Juru | minăngka gêntèning rama ||
16. ya ta kawarnaa enjing | apan ta sampun adandan | lan kang kulawarga kabèh | aseba dhatêng ing Pajang | ya ta anuli bubar | apan ta Kiyai Juru | ingkang angirid ing lampah ||
17. datan kawarna ing margi | wus prapta nagari Pajang | mangkana kang winiraos | sira Kangjêng Sultan Pajang | enjing miyos sineba | pêpêk sakwèh punggawa gung | miwah ingkang para putra ||
18. Kyai Juru Amartani | lawan kang putra lêlima | prasamya binêkta pepe | sandhaping waringin kêmbar | Sultan Pajang tumingal | sasoring waringin kurung | ana wong pepe akathah ||
19. Sultan Pajang ngandika ris | bocah sira pariksaa | sapa ta ingkang apepe | têtiyang gandhèk agêpah | dènira amariksa | tiningalan yèn Ki Juru | apepe lawan kang putra ||
20. tiyang gandhèk mangkya angling | inggih Ki Juru punapa | ingkang dipun pèpèkake | Kyai Juru wuwusira | dika matur ing sultan | atur uninga pun Juru | yèn ki patinggi Mataram ||
21. ing mangke yèn sampun lalis | atilar putra agangsal | inggih punika warnine | punapa ta ingkang karsa | ingkang ginêntosêna | tiyang gandhèk gya umangsul | sapraptanira ngajêngan ||
22. tiyang gandhèk awotsari | sampun kawula pariksa | ing
--- 346 ---
inggih punika kang pepe |[57] pun Jêbèng Juru Mataram | mèpèkakên kang putra | atur uninga sang prabu | yèn patinggi Mataram |[58]|
23. ing mangke yèn sampun lalis | atilar putra agangsal | sultan angungun driyane | dene ta nora kayaa | pawong sanak manira | dhuh Ki Jêbèng ing Matarum | lah iya singa dhingina ||
24. lah timbalana dèn agis |[59] Ki Juru mring ngarsaningwang | lan kaponakane kabèh | têtiyang gandhèk agêpah | ya ta kang ingandikan | Ki Juru lan putranipun | sampun dhatêng ing ngayunan ||
25. sami ganti atur bêkti | dhumatêng ing Sultan Pajang | sampun atata linggihe | munggwing ing ngarsa pangrêpa | Sultan Pajang ngandika | prayogane putraningsun | kang tuwa anggêntènana ||
26. iya Ki Radèn Ngabèi | kang mêngkua ing Mataram | kang ingsun jujung lungguhe | lan malih prayoganingwang | yoga sun lihkên aran | alah sira anak ingsun | iya sira jumênênga ||
27. Senapati Ngalaga di | Sayidin Panatagama | lan malih wawêkas ingong | Ki Jêbèng Juru Martanya | pakanira kang yogya | amongmonga sutaningsun | Ki Senapati Ngalaga ||
28. nanging ta wêwêkas mami | aywa ge seba maringwang | yèn durung ing sataune | lah têka sira tulusa | muktia wibawaa | anèng nagaranirèku | ing Mataram gêmahêna [gêmahê...]
--- 347 ---
[...na] ||
29. yyan kita uwus sawarsi | agya kita asebaa | mring Pajang ayya talangke | Senapatya gya ngastutya | ngusap lêbu suku sang | ring sultan myang Kyai Juru | wus amit saha pra putra ||
30. jêngkar dènira tinangkil | sultan umantuk ing pura | mangkana kang winiraos | Senapati ing Ngalaga | saha kulawangsanya | myang kang paman Kyai Juru | mantuk dhatêng ring Mataram ||
31. sapraptanirèng Matawis | ri sampunira alama | wong cili suka manahe | apan wus dadya nêgara | padhusunan Mataram | tulus kang swarwa tinandur | murah kang swarwa tinumbas ||
32. rikang wwang saya kwèh prapti | tumanak wisma Mataram | dene tan ana winaon | pasir awukir ajêmbar | siti wêdhi arata | rikang kalangwan tulya gung | ing wana ring we akathah ||
33. praja ketang loh jinawi | rikang we wêning tumumpang | dahat mumpuni kamuktèn | Senapati ring Ngalaga | pan dèrèng sebèng Pajang | dènnya wus têkèng sataun | kinèn tumamèng ring Pajang ||
34. ri mangkya uwus sawarsi | lah agya kita sebaa | aywa lirwa ngubayane | ring ramanya Sultan Pajang | lah kita asebaa | ring Pajang mangkya amuwus | Senapati ring kang paman ||
35. lingira anamayani | yèn wontên dutane sultan | benjing yèn prapta marene | lah ulun seba mring Pajang | Ki Juru aris mojar [mo...]
--- 348 ---
[...jar] | tan mangkana sutèng ulun | kita apan angawula ||
36. kadya pa kita anganti | prapta dutanira sultan | pan wus ana parentahe | ewuh rikang kadya ingwang | rèh kinwan amwang-mwanga | kojat yyan tan apitutur | wong tuwa kalok ing ala ||
37. ewuh têmên ulun iki | rèh ulun kinon mongmonga | ring kita yêkti lih awon | kadya pa kita angatag | wong Mataram anyithak | lan malih kita angutus | karya bata putih abang ||
38. tan wandya kawartèng benjing | ring ramanira jêng sultan | pan wong Pajang ika akèh | kang dagang prajèng Mataram | dyan malih kawarnaa | Senapati ingkang sunu | apan kathahe sêsanga ||
39. kacatur maksih samya lit | suta panuwa Dyan Răngga | apan atimur wayahe | ayusya sadasa warsa | dibya ring kaprakosan | bèr kawanèn saha têguh | andakaning guladrawa ||
1 | warahên. (kembali) |
2 | andikani. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: tan arsa atapih. (kembali) |
4 | karya. (kembali) |
5 | sanggupe. (kembali) |
6 | tantun. (kembali) |
7 | Kurang dua suku kata: sigra bubar sira sang dipati. (kembali) |
8 | umantuka. (kembali) |
9 | pungkur. (kembali) |
10 | dèn eca. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: samya anangis gumrêrah munggwing suku. (kembali) |
12 | lumpuh. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: pasthi ika lamon lampus. (kembali) |
14 | gih kawula kang sanggub anadhahi. (kembali) |
15 | sang hyang. (kembali) |
16 | Seharusnya halaman 290 dan seterusnya. (kembali) |
17 | anyongklang. (kembali) |
18 | sangsaya. (kembali) |
19 | kandhêg. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: hèh sapa kang akardi. (kembali) |
21 | katunjang. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: têka ngandêlkên bala. (kembali) |
23 | Kurang satu gatra: ke-6 (5a): sira Si Pajang. (kembali) |
24 | nunggang. (kembali) |
25 | kêkoncèn. (kembali) |
26 | Tanggal: iku sapta hèr nabi (1471). (kembali) |
27 | alon. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: inggih alêrês ki ipe. (kembali) |
29 | anêdha. (kembali) |
30 | adpati. (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata: dening kang nom-anom iku. (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata: wus winêdalkên sadaya. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: sakathahe kang wanodya. (kembali) |
34 | Kurang satu suku kata: saya anggagas wirange. (kembali) |
35 | Kurang satu suku kata: Susunan ing Kalijaga. (kembali) |
36 | cêngkar. (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: sasurasaning kalbu. (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata: sêdya jumênênga sunan. (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata: sapa sintên wikan ing benjing. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: Panêmbahan angandika iya uwis. (kembali) |
41 | Lebih satu suku kata: sampun rêmbag dènira akarsa. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: rêrangkulan awaspa umijil. (kembali) |
43 | dêlinge. (kembali) |
44 | adhêndhêng. (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata: Ki Gêdhe Karanglo ika. (kembali) |
46 | Tanggal: rupa mantri winisayèng janmi (S 1531). Tahun Masehi: 1609–10. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: sangkalane duk atêtêruka. (kembali) |
48 | Kurang satu suku kata: nyai dhèk mau sapa. (kembali) |
49 | garwa. (kembali) |
50 | Lebih satu suku kata: anglangkungi karsa dipati. (kembali) |
51 | Kurang satu suku kata: sumăngga ing sakarsane. (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: Pasêdhahan wong agung bang wetan. (kembali) |
53 | kantun. (kembali) |
54 | tinampi. (kembali) |
55 | Lebih satu suku kata: pan wong kawan atus ika. (kembali) |
56 | Tanggal: tata mantri wisayaning janma (S 1535). Tahun Masehi: 1613–4. (kembali) |
57 | Lebih satu suku kata: inggih punika kang pepe. (kembali) |
58 | Kurang satu suku kata: yèn patinggi ing Mataram. (kembali) |
59 | aglis. (kembali) |