Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 39–44)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 01–08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 09–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 12–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 19–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 28–33). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 34–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 39–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 45–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 11-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

39. Dhandhanggula

1. Dyan punika kang winuwus malih | garwanira Ki Tumênggung Mayang | nênggih punika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang pan mantri [ma...]

--- 413 ---

[...ntri] | nira Sultan Pajang |[1] pan olèh bêbêndu | tinundhung marang Sêmarang | mantri sèwu punika ingkang angiring | mangkat maring Sêmarang ||

2. Tumênggung Mayang wau kang èstri | andutakkên ambêkta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt ing kadhatun | mangsah cundhuk lan Senapati | manêmbah ing suku sa |[2] mangusapi lêbu | nuli ngaturakên layang | tinanggapan ing Senapati Matawis | layang nulya winaca ||

3. pèngêt kakang Senapati mami | olèh dukanira kangjêng sultan | pan kinesahkên ing mangke | Sêmarang karsanipun | mantri Pajang ingkang angiring | sèwu gêgamanira | padha sirèng ngêpung | ulun puniki yèn kêna | abdèkêna sumawita ing Mantawis | sampun lyan pangawulan ||

4. layang sampun wau sinasuwir | ingkang jaja upama têmbaga | apracihna sru dukane | lathinira kumê |[3] mukanira lwir wora-wari | ujwalanya baranang | kotbuta dinulu | Senapati ing Ngalaga | tingalnyandik ujwala apindha api | rêrêp sakyèhing wadya ||

5. Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami ngong têdha damêle | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sanggon kapapag | nulya sami sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya ||

6. jarijinya kinêbêkan singsim |

--- 414 ---

myang sêsotya kancana punika | gêbyar-gêbyar ujwalane | sêsotyanya bra murub | muncar warna lwir lintang ngalih | gumêbyar kadya kilat | asri yèn dinulu | asih sêtya ing wanodya | pracinane[4] rêtna widêgdèng pawèstri | dunya tinohan pêjah ||

7. mantri kawan dasa angabêkti | pan sakèhe panarkaning nala | mangkana ing sasmitane | baya mangke anaur | ulun iki ing sihing gusti | tugêle jangganingwang | ulun praptèng lampus | pan panaur ingsun kurang | kêkathahên dananipun gusti mami | saurên de Hyang Suksma ||

8. mantri pamajêgan sigra amit | kapya mêsat sarêng nunggang kuda | mantri patang puluh kèhe | anandêrakên maprung | desa Kêdhu dipun dalani | prapta ing Jatijajar | wong Pajang kapangguh | dèn amuk de wong Mataram | mantri Pajang dêdamêl sèwu angisis | malaywa rêrangkangan ||

9. mantri pamajêgan dènnya jurit | ing tandange lwir macan ambabal | sarwi angêmbat watange | lumampah rampak ngamuk | maksih manggung luhur turanggi | wadya Pajang kacandhak | tinigas kang gulu | sirah winotên ing jaran | mantri catur dasa padha kuthah gêtih | padha kadi rinêngga ||

10. Ki Tumênggung Mayang pan wus kêni | dening mantrinira pamajêgan | patang puluh wau kèhe | wong Pajang kèhe sèwu | sami mulih sisaning mati |

--- 415 ---

lumaywa asasaran | praptèng alun-alun | tumama ing ngabyantara | sigra cundhuk Sultan Pajang nèng jro puri | kampita sira mulat ||

11. mantri Pajang matur sarya nangis | pun Tumênggung Mayang pan rinêbat | ing Jatijajar prênahe | wadya sèwu ingamuk | dening duta wadya Matawis | kathahe kawan dasa | kêkapalanipun | ingamuk inggiling kuda | wadya Pajang tinigas janggane kêni | Tumênggung Mayang kêna ||

12. wadya Pajang sakantuning mati | pan lumayu sami sowang-sowang | ulun pan tiwas ing gawe | wadya Pajang atakut | datan măngga puliha malih | Sultan Pajang ngandika | pan wis nyata iku | Senapati ing Mataram | pambalike dening amurwa ing jurit | lah payo linurugan ||

13. wus angrasuk busana ngajurit | dhuwung anyuriga lapis tiga | wau ika rasukane | maliyo wus rinasuk | bêbarkatan kang dhingin-dhingin | jimat têtambalangan | tiningalan murub | kaprawiraning ayuda | Sultan Pajang angandika dhatêng mantri | payo mangkata yuda ||

14. Sultan Pajang sigra nitih èsthi | pan ingiring dening wadyabala | kêrig mantri santanane | lêlayu umbul-umbul | endhe tamèng kalawan bêdhil | tumbak putih lan binang | trisula lan ganjur | towok kolêm lawan panah | myang suligi punang lêmbing amarapit |

--- 416 ---

lir kilat abarungan ||

15. mantri Pajang abusana asri | abêbadhong têtopong kancana | kêbêk sisim[5] jarijine | ajêjamang kêkalung | akulambi sangkêlat abrit | wanèh kulambi bapang | ana lèn baludru | ana maliyo myang sutra | ingkang sorah sari sinongkèt mas adi | akêre gêgênderan ||

16. warnanira lwir prawata sari | alêlaku angêbêki papan | Sultan Pajang makuthane | cinawi intên mancur | lwir baskara ujwala ngênting | sang hyang arka kasoran | ing ujwalanipun | kucêm asru lêwih merang | ujwalanya sinoma wus ambandhingi | lan sênêning makutha ||

17. Sultan Pajang agya sira prapti | pasanggrahane ing Parambanan | anuli baris kubênge | Senapati amêthuk | Randhulawang dènnya abaris | pêpêk saglar sapapan | wong dhomas akumpul | mèh surup sang hyang raditya | Arya Jamba pêpitu mantri Matawis | nabuh bêndhe pun Bicak ||

18. Gunung Kidul gènipun miyosi | tinumpukan kayu pan jinajar | sapêmbêdhil lêlongkange | sarêng ingobong murub | bêndhenira pun Bicak muni | angangkang kadi gêlap | ing kasanganipun | swarane lwir anèng tawang | Sultan Pajang [Pa...]

--- 417 ---

[...jang] amirsa pun Bicak muni | tyas kampita gya mojar ||

19. hèh prawata kidul sun tingali | dadi gêni unine Si Bicak | angangkang lêwih swarane | wong Mataram ngong dulu | kadya mêtu tan ana iki | gurnitanira ika | kadya gunung rubuh | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata amêmêdèni wong cili | dening tuwan ngandika ||

20. ing tarkane ing ulun puniki | maksih wani yèn adunên aprang | lan kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun gawok lamon ajurit | pan widêgda arosa | lan atêguh-têguh | anyêkêla apan kêlar | mêjahana Senapati ing Matawis | wong kawan dasa kêlar ||

21. Sultan Pajang angandika aris | sutaningong Adipati Tuban | aja sira wani age | Senapati amungsuh | wruhanira wus têkèng jangji | ngalih cahya nur buwat | Senapati mêngku | ing tanah Jawa sadaya | pan aseba ing Senapati Matawis | iku ingkang tumămpa ||

22. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | Ki Juru Martani age | nuli sira amuwus | hèh Ki Senapati Matawis | kadipundi rèhira | mapan ora wurung | amêsah ing Sultan Pajang | pira dohe lêt umpak kari sawêngi | benjang yèn sira aprang ||

--- 418 ---

23. ulun iki lêwih sangking isin | anon mukane mantri ing Pajang | yèn nêmpuha ing jurite | dening bapa lan sunu | silih ukih dènira jurit | Senapati gya mojar | kadya pa puniku | rèhira kang linampahan | ulun iki anut ing karsanirèki | jarwanana rèhira ||

24. Kyai Juru Amartani angling | yèn sambada lawan karsanira | uni ika sêmayane | kalawan Nyai Kidul | uwis sêdhêng mangke tinagih | kalawan kang kayangan | Marapi ing gunung | ing nguni pan asêmaya | maring ingsun ing mangke yêkti ngong tagih | mangke pan adhatêngan ||

25. Senapati ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | angèstokkên ing jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsat ing langit | bayu bajra narajang | sêmpal kayu êrug | pracandhanya amarapal | prapta udan kumêrug awor lan angin | pratăndha yèn jim prapta ||

26. tan antara surak anèng langit | gurnitanya kadi langit rêbah | kadya gunung guntur kabèh | prakatha padha umung | antaraning wukir Marapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumalêdhug | udan awu ingkang prapta | guntur gunung watu padhas lan karikil | longsor ladhu lumampah ||

27. watu agêng kathah kang winarni | sarêng ladhu

--- 419 ---

anèng kali Umpak | angèli ngingsor parane | pan sami cêcalathu | hèh wong batur kang gêdhe cili | sira iki ngandikan | amapaga musuh | apan ana Parambanan | Sultan Pajang yèku mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||

28. Sultan Pajang miwah ingkang mantri | kagegeran dening ladhu minggah | narajang pasanggrahane | bala Pajang lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dene watu nêmpuh | pasanggrahan pan dharatan | nora layak watu ladhu angunggahi | padha bisa angucap ||

29. Sultan Pajang balane angisis | apan sirna saha sanjatanya | binongkok binêkta mulèh | Sultan Pajang glis mundur | ing giligan gènnya miranti | laju maring Tambayat | karsane angujung | kunci sinorog tan kêna | Sultan Pajang angujung sangking ing jawi | sawusira gya mojar ||

30. hèh sang kunci apa ta karaning | lawang gêdhong sinorog tan kêna | pun kunci alon ature | pan jênêngira prabu | tan winênang dening Hyang Widdhi | tinampik jênêng tuwan | dening kang tinunggu | wong mati parêk ing suksma | cahyanira nuring rat pan wus angalih | anèng raja Mataram ||

31. Sultan Pajang sandeya ing ati | amiyarsa tuture wong tuwa | anulya sira asare | ana ing bale kêncur | salawase dènnya

--- 420 ---

aguling | dèrèng kadi punika | kanikmatanipun | nuli wungu dènnya nendra | adan mundur Sultan Pajang nitih èsthi | lumampah tibèng dalan ||

32. nulya sultan tandhu dèn titihi | lajêng gêrah sarira sadaya | dadya arêmbên lampahe | Senapati angrungu | lamun sultan gêrah ing margi | Senapati anyabrang | kali Umpak laju | ambêkta wong kawan dasa | kêkapalan nêrka ngatêrkên sang aji | bubar baris Mataram ||

33. wadya Pajang miwah ingkang mantri | padha kagèt dènira umulat | Senapati nusul age | untap-untapan sampun | para putra matur sang aji | Senapati Mataram | katingal anusul | ambêkta wong kawan dasa | watawise yèn sawawi lan sang aji | pinapak winangsulan ||

34. Senapati wadyabala kêdhik | apan sora ulun apranga |[6] dening wadya ulun akèh | Sultan Pajang amuwus | sutèng ulun kabèh sirèki | aja sira anarka | sora padha mungsuh | Senapati ing Ngalaga | kakangira gêgêntiningsun yèn mati | sanak tuwa sinêmbah ||

35. kakangira Senapati ugi | ngatêrakên ing ulun punika | dening asangêt marmane | apan wruh gêrah ingsun | pratandhane lêwih gumati | adarbe

--- 421 ---

wong atuwa | abêkti maringsun | ing benjang sapungkur ingwang | ingsun lalis dèn atut sira ing benjing | kalawan kakangira ||

36. yèn sira atut lan Senapati | ingsun lina jênêngira nata | Senapati kang agawe | pan iku gêntiningsun | kakangira Ki Senapati | lamun sira sawala | mring gêgêntiningsun | yêkti tan jumênêng nata | yèn sun lalis sanak tuwa angamini | ilang jênêng kawuryan ||

37. Adipati Banawa tan angling | amiyarsa tuturèng kang rama | miwah têka santanane | umung anèng dalanggung | pan sinêlêk lakunira glis | prapta nagarèng Pajang | tumamèng kadhatun | Senapati ing Ngalaga | pamondhokan desa Mayang iku nênggih | lawan sabaturira ||

38. Sultan Pajang amiyarsa mangkin | yèn kang putra mondhok desa Mayang | nulya aputusan age | duta prapta umatur | Senapati kita dèn sèngi | de ramanira Sultan | tumamèng kadhatun | Senapati sigra mojar | hèh sang duta matura maring sang aji | amit ulun katuran ||

39. amit mangkin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsaning Hyang | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri cundhuk sang aji | matur mring Sultan Pajang | Senapati nêkung | maladi samadiningrat | desa Mayang wayah têngah dalu

--- 422 ---

mangkin | pun Juru Taman prapta ||

40. amêng-amêngane Senapati | gêdhenira pan sagunung anak | mêndhêk ngalosod ngarsane | pan Juru Taman matur | Senapati tuwanku singgih | manawi darbe karsa | angrabasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | pêjah gêsang pan ulun ikang nglêboni | tuwan kantun awirya ||

41. Senapati ing Ngalaga angling | Juru Taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umaring | Juru Taman anêmbah | anulya tumanduk | malêbêt maring kadhatyan | Sultan Pajang kapanggih gêrah alinggih | binithi jajanira ||

42. Sultan Pajang kantaka gumuling | tinangisan dening para graha | tanapi putrane kabèh | aramya gumarumung | sarêng enjing Sultan anglilir | saya sangêt kang gêrah | Senapati iku | sakathahe wong Mataram | pinundhutan padha atuku sêlasih | tinumpuk lawang kulwan ||

43. Senapati Ngalaga siniwi | kacita ana desa Mayang |[7] tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocaping wuri | Pangeran ing Banawa | sigra dènnya matur | hèh rama putra paduka | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | sêlasih sami tumbas ||

44. apikulan

--- 423 ---

agotongan sami | amêmondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilen | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | sangêt gumatinira | darbe rama mring sun | pratandhane sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn ulun mèh palastra ||

45. tan antara sultan angêmasi | para putra nungkuli sadaya | tanapi para garwane | miwah mantri tumênggung | pêcattăndha lan angabèi | răngga lan pandalêgan |[8] kandhuruhanipun | wadu aji para dêmang | lawan malih rabine padha anangis | gurnita lwir ampuhan ||

46. Adipati Banawa sigra ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ingsun ajaluk rêmbuge | ulun kinèn apatut | wêwêkasing swarga sang aji | Senapati Ngalaga | putra kang asêpuh | kang rama apan wis tilar | prayogane sena sun aturi |[9] pinajar sultan seda ||

47. sajan gêlêm tan gêlêma mangkin | apan iku sanak ingsun tuwa | pan rama ji gêgêntine | dununge sêmbah ingsun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira glis mangkat | ing Mataram rawuh | tumama maring kadhatyan | wus kapangguh anêmbah ing Senapati | duta atur uninga ||

48. Senapati ulun atur paksi | Sultan Pajang apan sampun lina | ulun punika kinèkèn |[10] dening

--- 424 ---

rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêngandika ngaturan | mring Pajang puniku | inganti aniramana | ing layone rama ji Sultan anênggih | maksih agilang-gilang ||

49. Senapati sigra dènnya nitih | kudanira anandêr anyongklang | nulya rawuh Pajang age | tumama ing kadhatun | Senapati nangis ing ati | anuli sinungkêman | padane sang prabu | tan beda kala agêsang | ing baktine Senapati ing Matawis | dhatêng Sultan ing Pajang ||

50. adan nulya siniraman sami | wus kinèn nêmbahyangakên pisan | sampunnya binakta age | pinêtêk sirèng butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | nulya sami mantuk | wus rawuh nagara Pajang | sampun pêpêk sagunging pandhita aji | muwah putra sadaya ||

51. Susunan Kudus sigra dènnya ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ingkang gumanti ratu | kang jmênêng Pajang nagari |[11] mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn sawawi layan tuwan | Adipati Banawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||

52. Susuhunan ing Kudus nulya ngling | tan sêmbada lawan karsaningwang | Adipati Banawane | yèn jumênênga ratu | Adipati ing Dêmak malih | apan iku kang tuwa | jumênênga [ju...]

--- 425 ---

[...mênênga] ratu | iya èstri ingkang putra | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | Adipati ing Dêmak ||

53. ya dyan mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | kang ro trêrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nagari | iya nagari Pajang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang asebaa ||

54. Senapati mangkya turun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | Senapati payo mulèh | Senapatinya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ukih padudon rêbat nagari | dadi apêpêrangan ||

55. lêhêng sira mêmulea dikir | lan sidhêkaha angalap sawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | ing Mataram agung | amanggunga akasukan | ing Mataram wismanira pan abacik |[12] aja narka ing Pajang ||

56. Senapati ing Ngalaga mulih | ing Mataram lami tan kawarna | ing Pajang kocapa malèh | Dipati Dêmak mantu | anggêntosi jumênêng aji | Dipati ing Banawa | wisma Jipang tulus | pandumira mantri Pajang | pinra tiga rong duman pinundhut mangkin | maksih ingkang saduman ||

--- 426 ---

57. kang rong duman pinaringkên sami | mring mantri Dêmak wadyanya lawas | sami jinunjung linggihe | ana jênêng tumênggung | pêcattăndha lawan ngabèi | pandalêgan lan răngga | kandhuruhan iku | tăndha mantri lawan dêmang | mantri Dêmak sadaya jinunjung linggih | awisma anèng Pajang ||

58. mantri Pajang akèh rusak ati | dèn longi ing gêgadhuhanira | padha ala pangucape | anaa mungsuh rawuh | dèn rasakna ing Pajang iki | katuwone wak ingwang | tininggal ing ratu | kaliwat dening alara | kwèh durjana ing Pajang bêngi kwèh maling | yèn rina wong bêbegal ||

59. Mantri Pajang kabèh padha miring | manahira pan rusak sadaya | maring ratune kang mangke | apan têlênging kayun | Senapati Ngalaga ugi | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | utusan maring Mataram | lampahnya ge asêsandêran wus prapti | nagara ing Mataram ||

60. duta mangsah tumama ing puri | kapangguh Senapati Ngalaga | duta marêk nêmbah age | palungguhe abukuh | sigra matur mring Senapati | ulun mapan kang duta | pangalasan sèwu | atur uninga paduka | rayi tuwan Dipati Dêmak ing mangkin | anitihi byantara ||

61. mantri Pajang padha yun ambalik | datan eca gènipun ngawula |

--- 427 ---

dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | saduman kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak yèn dalu garigis maling | rintên arêbat sawah ||

62. lan manawi pukulun puniki | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan dawêg mupung mangke | ing paos arubiru | datan wontên têlênging ati | wadya Pajang sadaya | pan nanging pukulun | samăngsa tuwan mijila | jawi kitha mantri ing Pajang ambalik | umiring ing paduka ||

63. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak ||

64. lamun ingsun kinon ing Hyang Widdhi | apan gampang lawan karsaning hyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakkên iku | dening Suksma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan ora ewuh | tan kêna sêdya ngrusaka | dening janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Suksma ||

65. wontên ta ingkang winuwus malih | kang kocapa Pangeran Bênawa | kang anèng Jipang kithane | dibya glana tyasipun | duk angungkung nêpsu tan gingsir |

--- 428 ---

lumampah kasutapan | lali pangan turu | nalika ayun aboga | lamun ana sisan kawula binukti | tibèng lêmah dhinahar ||

66. prapta dènira samadi êning | anaritis ugyanira[13] nendra | datan kauban wangone | wayah ing têngah dalu | ana swara kapirsa nênggih | datan ana rumêksa | wêgilên puniku | pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan ||

67. sarêng ilang swara nulya tangi | Adipati Bênawa gya mojar | duta sira pan sun kèngkèn | wêgilên saranèku | Senapati anèng Matawis | aturana dènira | duta gya tumanduk | anulya praptèng Mataram | dyan tumama ing ngabyantara kapanggih | Senapati Ngalaga ||

68. duta Jipang nêmbah matur aris | gusti lampahing ulun punika | adhapur ulun kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêng paduka ngaturan | ing Pajang anêngguh | tuwanku sutaning sultan | alinggiha ing pajang jumênêng aji | punika ingkang karsa ||

69. Kyai Senapati sigra angling | hèh sang duta lah sira matura | maring ariningsun age | apan ingsun tan wêruh | sakarsane rêbat nagari | kalawan kakangira | mapan wangênipun | ulun iki winarisan |

--- 429 ---

ing Mataram de rama sultan ing nguni | ingsun têtêpi uga ||

70. risang duta sigra nêmbah amit | sêsandêran mulih maring Jipang | wus rawuh ing kadhatone | cundhuk lan gustinipun | duta matur wêkase uni | Senapati punika | mapan wis tinatur | Pangeran Banawa mojar | hèh sang duta balia sirèng Matawis | ing Pajang ngaturêna ||

71. duta mêsat lampahe lêstari | ya ta wangsul dhatêng ing Mataram | tumama ing kadhatone | Senapati kapangguh | risang duta manêmbah angling | gusti amba punika | pan kinèn awangsul | dening ta rayi paduka | apan tuwan amêksa dipun aturi | dening ta rayi tuwan ||

72. Adipati Banawa anênggih | ingkang karsa ing Pajang punika | datan suka ing manahe | kang raka madêg ratu | pan kang wêli[14] Sultan ing nguni | Adipati ing Dêmak | umadêga ratu | lamun andika tan arsa | jênêngakên rayi ta madêg nêrpati | lêhêng rêke pêjaha ||

73. lêhêng tuwan gumantia aji | adarbea nagari ing Pajang | sineba ing wadya kabèh | suka rayi pukulun | lamun tuwan jumênêng aji | pantês putra kang tuwa | jumênênga ratu | rayi paduka andonga | lamun ipe Dipati Dêmak kang dadi | lêhêng tumêkèng pêjah ||

74. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta mêngkono kang karsa | yayi

--- 430 ---

Mas Bênawa mangke | têmu pèk karsaningsun | nagarane ing Pajang iki | duta sira matura | marang ariningsun | Adipati ing Banawa | ngong aturi pinarêka ing Matawis | Gunung Kidul miyosa ||

75. risang duta sigra nêmbah amit | lampahira kudane angêrap | dyan prapta Jipang lakune | tumama ing kadhatun | adipati nulya kapanggih | duta matur anêmbah | pangeran tuwanku | ingkang karsa rakandika | jêngandika pinarêka ing Matawis | saha wadya ywa brăngta ||

40. Asmarandana

1. Pangeran Banawa aglis | enjing saksana umangkat | saha bala ngiring kabèh | rêmbêning baris lampahnya | Ardi Kidul marganya | datan kawarna ing ênu | desa ing Wêru wus prapta ||

2. kawarnaa Senapati | wus amêpêk wadyabala | gya umangkat sabarise | amapag ing arinira | nama Pangran Banawa | ya ta praptèng desa Wêru | wus sami apamondhokan ||

3. Senapati wus apanggih | myang ari Pangran Banawa | sarêng panggih sapatêmon | sami kangên rêrangkulan | ri sampuning mangkana | ya ta kasaput ing dalu | nulya sami masanggrahan ||

4. samya gunêm glaring jurit | nagri Pajang kang kocapa | wus kasub ing pawartane | lamun Dipati Banawa | akanthi Senapatya | arêmbag anunggil kayun | arsa [ar...]

--- 431 ---

[...sa] rumabasèng Pajang ||

5. mantri Pajang tyas umiris | wanèh kathah suka manah | kang sami sakit galihe | mangkana pangucaping tyas | ing mêngko malês ingwang | mring wong Dêmak akuhipun |[15] bênêr Pangran Banawa |[16]|

6. pan iku kakang duwe waris |[17] jumênênga Sultan Pajang | yèn mêngko uwis mêngkene | pangran kanthi Senapatya | pasthi abot sinăngga | dening sêkti ing prang pupuh | ing jagat pilih tandhingnya ||

7. pasthi nagra Pajang iki | kaya nora wurung rusak | ya ta mantri Pajang kabèh | samana sami arêmbag | ambalik karsanira | mring Pangran Banawa iku | apan gustinira lawas ||

8. anulya lumampah sami | sakèh mantri Pajang lama | tan kantun sagêgamane | mêthuk Pangeran Bênawa | mring desa Wêru ika | tan kawarna lampahipun | gya prapta ing Wêru sira ||

9. apan ta sampun apanggih | sakathahe mantri Pajang | lan Kya Senapati age | miwah Pangeran Banawa | sadaya angabêktya | angganti ngujungi wau | sakathahe mantri Pajang ||

10. ri sampunira ngabêkti | sakathahe mantri Pajang | umunggwing ing ngarsa andhèr | saha palungguh pangrêpa | gya sami matur sira | mring Senapati Matarum | miwah mring Pangran Banawa ||

11. adhuh anggèr gusti mami | kang para mantri punika | yèn ingajanana anggèr | apan ta purun sadaya | angrabasèng ing Pajang | dene tan wontên makewuh | mantri Pajang pan wus têlas [tê...]

--- 432 ---

[...las] ||

12. inggih mantri ingkang lami | têlas mariki sadaya | mung kantun wong Dêmak dhewe | lan wong Kudus barisan |[18] sayêktosing punika | apan ta kawula purun | nyêkêla Dipati Dêmak ||

13. myang kinèn angalap pati- | nira Dipati Dêmak |[19] kawula sandika anggèr | datan mawi taha ring tyas | saking sakiting manah | ngawula lyan gustinipun | miwah ulun anggêmpura ||

14. ing kitha Pajang pan wani | Senapati ing Ngalaga | kalangkung suka manahe | dening wau amiyarsa | sanggupe mantri Pajang | sami dinadar pan sampun | mantri ing Pajang sadaya ||

15. enjing bubar Senapati | saha gêgaman sumahap | têmpuh gêgaman Jipange | lawan gêgaman Mataram | wêwah wong Pajang ika | kang bala koswa anggêrgut | sigra Senapati mojar ||

16. ariningsun Ki Dipati | Banawa kita kumpula | lan wadyanira Pajange | lamun têmpuh ing ayuda | lawang sayatra wetan | yayi cêgatana iku | manawa wong Pajang mêdal ||

17. padha kumpulêna yayi | dening ing laku manira | amunga wadyèngsun dhewe | wong Mataram kumpul ingwang | kang sun têmpuh ing yuda | lawang kulon kang sun têmpuh | ri sampunira arêmbag ||

18. saksana bubar kang baris | apan ta awarna-warna | asri lwir taman sêkare | abra

--- 433 ---

dwaja lungsir jênar | myang gulakalapa |[20] asrang karbêting lêlayu | gêbyaring sanjata lanang ||

19. surêm Hyang Pratănggapati | kasênênaning busana | myang ujwalèng gêgamane | ing Pajang sampun kinêpang | tintrim wong sajro kitha | myang wong ing Pajang sadarum | sampun sami balik ika ||

20. amung wong Dêmak kang kari | kalawan wong Kudusira | maranti luhur kithane | amalatar barisira | sanjata wus ngisenan | Senapati agya rawuh | lawan sawadya ing Mataram |[21]|

21. lawang kilèn dèn wêdali | ya ta wong Dêmak umulat | ing wong Mataram praptane | wus katur Dipati Dêmak | lamun Ki Senapatya | dhatênge sabalanipun | lawang kilèn dènnya mêdal ||

22. Dipati Dêmak sigra ngling | sakèhe têtukon ingwang | wong Bugis lan Mêkasare | wong Bali dèn padha yitna | lah papagên dèn agya | Senapati pêrangipun | lan sakwèhing mas salaka ||

23. iku ta karyanên mimis | wruhanira Senapatya | apan ta liwat têguhe | lawan prawira ngayuda | lah poma wêkas ingwang | yèn sira mundur prang pupuh | padha sun patèni sira ||

24. pan sira têtukon mami | sigra wong Bugis Makasar | myang wong Bali minggah kabèh | mring palatar luhur kitha | gêgamane malatar | towok sligi agêmipun | wanèh angagêm [anga...]

--- 434 ---

[...gêm] sanjata ||

25. agya wong Mataram prapti | binarondong bêdhil sira | sangking ing luhur kitha ge | mimis tibane lwir udan | surak ambal-ambalan | apan kadi langit rubuh | pêtêng kukusing sundawa ||

26. arame têmpuhing jurit | Senapati ing Ngalaga | sigra anitih kudane | awasta pun Bratayuda | ulês purnamasada | saha pracalitèng luhur | pracihna êjim kang prapta ||

27. lawan udan riwis-riwis | surak ing tawang gumrêrah | êjim lan parayangane | kadya ngrubuhênèng wiyat | rikang jim parayangan | sadaya pan sami tumut | ambêdhah nagari Pajang ||

28. Senapati tumulya glis | angukih amrêka lawang | binrondong ing bêdhil akwèh | lwir udan mimis tibanya | datan ana tumama | têguh têkan kudanipun | Senapati ing Ngalaga ||

29. mimis kancana nibani | tibèng jaja lwir parada | miwah mimis salakane | samya gèpèng tibèng jaja | apan kadi rinêngga | sangking kwèh mimis tinêmpuh | tan kandhêg pangamukira ||

30. kudanira Senapati | kang ulês purnamasada | saking kwèh tiba mimise | kadi dhawuk katingalan | nanging Kya Senapatya | tan taha pangamukipun | sakèhe wong têtêbusan ||

31. kang wong Makasar lan Bugis | sami bendrong

--- 435 ---

ing sanjata | myang busur lan saligine | lwir garimis tibanira | Senapati gya mojar | alah iya sira iku | pan kabèh wong têtêbusan ||

32. lah aywa kapati-pati | milu-milu apa sira | balik malayua age | besuk padha mardikaa | awakira priyăngga | ya ta ing sakathahipun | wong têtêbusan miyarsa ||

33. sigra lumayu padha jrih | sakèhe wong têtêbusan | mangkana ta pangamuke | wus prapta jawining lawang | sakhèthèng kilen ika | Senapati jaluk pintu | hèh wong kang atunggu lawang ||

34. wênganana ingsun kori | kang tunggu lawang tan suka | ya ta wontên samitrane | Senapati ing Mataram | pan tunggil guru ika | Kyai Gêdhong wastanipun | apan milu tunggu lawang ||

35. mirsa yèn Ki Senapati | kang prapta anjaluk lawang | sagra[22] sakèhe bature | tugu[23] lawang ingamukan | akathah ingkang pêjah | kang urip têlas lumayu | Ki Gêdhong kantun priyăngga ||

36. sigra dènnya suka kori | Ki Gêdhong ring Senapatya | sarêng wus mênga korine | Senapati sira agya | lumêbêt jroning lawang | ya ta anuli kapangguh | Ki Gêdhong sigra tur sêmbah ||

37. dhumatêng Ki Senapati | kawula amit palêstra | ing lampah kawula anggèr | rumiyin arsa ngamuka | dhatêng têtiyang Dêmak |

--- 436 ---

kang baris ing alun-alun | ing wau Ki Senapatya ||

38. agêng pangraosing galih | kalangkung kapiutangan | mring Ki Gêdhong sêmitrane | mangkana ing lampahira | Ki Gêdhong anèng ngarsa | sigra manêmpuh angamuk | Ki Gêdhong pan tinadhahan ||

39. kinathahan ing ajurit | Ki Gêdhong sampun palastra | pan Ki Gêdhong salamine | datan pasah dening braja | wus karsaning Hyang Suksma | dhumatêng ing takdiripun | têmbe manggih guladrawa ||

41. Dhandhanggula

1. Senapati lumampah ing wuri | sigra mulat yèn Ki Gêdhong pêjah | Ki Senapati wuwuse | Ki Gêdhong mitraningsun | durung wêruh rasaning mukti | sêkul lan banyuningwang | apuwara lampus | ing benjang sapungkur ingwang | apanggiha ing satêrah-têrahnèki | Ki Gêdhong lawan ingwang ||

2. tinutugêna sarêng amukti | iya lawan anak putuningwang | aja salaya rusake | lan anak putuningsun | wadyèng ulun Mataram sami | sasabana lêlincak | layone puniku | Ki Gêdhong samitraningwang | aja kèndêl dening wong lumampah jurit | yèn mulih binêrsihan ||

3. sigra mangsah Senapati jurit | prapta mêdya alun-alun Pajang | manggunga nitih kudane | Senapati manêkung | amaladi samadi êning |

--- 437 ---

anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | Senapati ing Ngalaga | sampun pana kêkêpuhe dèn sungkêmi | lali purwa dêksina ||

4. wadya Dêmak kabèh ingkang baris | anèng alun-alunirèng Pajang | padha takut bubar kabèh | asru dènnya lumayu | akèh mati arêbut dhingin | kênèng sanjatanira | padha baturipun | tan ana nolih ing wuntat | apuyêngan anêrka yèn têkèng pati | mila bubar sadaya ||

5. Kyai Juru anitihi wajik | cêcoklangan wong Dêmak kapapag | Kyai Juru mojar age | wong apa sira iku | têka gègèr malayu sami | wong Dêmak padha mojar | Senapati ngamuk | anèng alun-alun Pajang | mila gègèr lumayu kapati-pati | sami nrêka yèn pêjah ||

6. Kyai Juru Amartani angling | hèh wong Dêmak madayèng ing ujar | Senapati pangamuke | apan ta pangrasamu | Kyai Juru lampahira glis | anusul ingkang putra | prapta ngalun-alun | Senapati ing Ngalaga | katingalan kêkêpuhe dèn sungkêmi | Senapati ginugah ||

7. Kyai Juru Amartani angling | Senapati ing Ngalaga sira | awungua dipun age | katungkul sira ngantuk | baya lali yèn sira jurit | Senapati Ngalaga | kagyat [kagya...]

--- 438 ---

[...t] sira wungu | nulya matur ing kang paman | ana ngêndi wong Dêmak ingkang abaris | ngalun-alun ing Pajang ||

8. Kyai Juru Amartani angling | sakathahe wadyabala Dêmak | gègèr angsru palayune | payo padha malêbu | ing byantara mêdyaning puri- | nira Dipati Dêmak | apan wis atakut | angungsi anèng jroning pura |[24] datan narka yèn miyosana ajurit | amapaga ing sira ||

9. Senapati têdhak saking wajik | asta têngên ngagêm pangawinan | kiwa nyêkêl kandhangsule | kandhêg ing lêmah dhuhur | Kyai Juru Martani angling | aja para tumêdhak | maksiha amanggung | ambanjura mring jro pura | aja walang driya ana ing jro puri | Pajang pan darbenira ||

10. Senapati ing Ngalaga angling | karan manira mudhun sing kuda | ing dangu palinggihane | Sultan Pajang tuwanku | nora arus wong wani gusti | kapindho wong atuwa | kaping tiga guru | ping pat yêktènana uga | Sultan Pajang tan beda duk lagi urip | ing pamundhi manira ||

11. nulya dhatêng Kyai Senapati | wijil pisan jumênêng ing lawang | para garwa mapag kabèh | Sultan Pajang kang sunu | adipati Dêmak kang èstri | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | senapati tinangisan [tinang...]

--- 439 ---

[...isan] | pan rinangkul padane Ki Senapati | matur sarwi karuna ||

12. ari ta sampun tuwan pêjahi | Adipati ing Dêmak punika | Senapati dan ujare | datan narka ing ulun | mêjahana ari Dipati | ing Dêmak pan tan nêdya | ngong prih idhêpipun | dening jumênêng ing Pajang | nora tari ing bêcike maring kami | aja ta salah tămpa ||

13. lakinira gawanên mariki | lawan malih hèh sêsawêrana | pratăndha kalah yudane | Senapati pan mundur | wus pinarêg anèng sitinggil | Adipati ing Dêmak | samana wus mêtu | binănda ing cindhe kêmbang | para garwa wau ingkang anggèmèli | prapta ing sitibêntar ||

14. apan ta jajar wau alinggih | Dipati Dêmak lawan kang garwa | Senapati lon dêlinge | Dipati Dêmak iku | dudu sira kang duwe waris | jumênêng ratu Pajang | pantês putra jalu | ari Dipati Banawa | jumênênga anèng ing Pajang nagari | gêntosana kang rama ||

15. hèh Dipati ing Dêmak sirèki | warisira nagara ing Dêmak | lah mintara dipun age | wong Mataram sirèku | mikulana sangune iki | hèh wong Singanêgara | lan wong Martalulut | adhêpên Dipati Dêmak | nora pantês wong wadon nyêkêl têtali [tê...]

--- 440 ---

[...tali] | lah sira gêntènana ||

16. Adipati Banawa puniki | sukan-sukan anèng pagêlaran | lan sabala santanane | anabuh gala ganjur | pan arame ambêksa rangin | ana kang bêksa watang | rame padha wuru | amrang lêngên para tangtang | para campah candhala anyênyabari | ing Pajang ulun dibya ||

17. Senapati ing Ngalaga mijil | kang pinandhi kêkapaning kuda | pun Gathayu kêkasihe | kandhali macan guguh | pan punika sarêng pinandhi | gong pun Sêkar Dalima | bêbarkatanipun | kang ingagêm Sultan Pajang | sakathahe bêbarkatan kang rumiyin | binaktèng pagêlaran ||

18. Senapati sineba ing mantri | pagêlaran lun-alun ing Pajang | padha mangrêpa lungguhe | lêlamakipun babut | isi sêkaring nagasari | ujwalanirèng muka | lwir wulan awêlu | sêdhênge asasadara | samya takut sakathahe para mantri | padha tungkul mangrêpa ||

19. Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati ing Ngalaga | kita jumênênga mangke | Sultan Pajang puniku | sinebaa sakwèhing mantri | apan tuwan prayoga | dening putra sêpuh | kawula lila warana | têkèng lina tan adarbe atur kalih | lah

--- 441 ---

tuwan jumênênga ||

20. Senapati ing Ngalaga angling | yayi Adipati ing Banawa | atarima pracayane | pan dudu garis ingsun | yèn manira madêga aji | anèng nagari Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi Mataram | tanah Jawa angalahakên ing jurit | padha ratu amănca ||

21. punang mănca nêgih nuswa bumi | ratu mănca tan ana suwala | padha apranata kabèh | Jawa apan kinêlun | gih puniku Sultan Matawis | puniku putuningwang | iku pan kapangguh | jumênêng nata pandhita | kèdhêp dening para ratu tanah Jawi | Madura lan Palembang ||

22. ingsun iki winaris ramaji | ing Mataram abêbakal ika | sun lampahi kangelane | Dipati Bênawèku | alah uwis dadia aji | malêbua jro pura | mangkua kadhatun | matur Pangeran Banawa | kakang aji kawula darma nglampahi | sakèhe pakon tuwan ||

23. sakathahe sèn-isèning puri | kaatura dhumatêng paduka | sakarsa andika angrèh | Senapati amuwus | gih tarima manira yayi | pracaya pakanira | kang dhatêng maring sun | sakèhe barana Pajang | lan karyanên yayi adandan nagari | sampun sugih pun kakang ||

24. lan karyanên nênututi mantri | dananana rêtna lawan boja | myang atèring

--- 442 ---

bêbudène | lah iku karsaningsun | wong ngawula dhatêng nrêpati | yayi sira bêbakal | jênêng para ratu | kirange sanjatanira | tumbasêna lawan karyaa pribadi | sadandanan wong aprang ||

25. salwir bawane kang sinung wadi | kinarya mong jagat jaga-jaga | arjaning ratu èsthine | gulang-gulangên iku | dipun yitna ulah nagari | duwea wong têtiga | rumuhun wong iku | pandhita ing wong atapa | lawan malih wong petangan uladuni | palakiyah lan ramal ||

26. yèn sira yun wêruha ing wèsthi | pranatane wong dadi narendra | atakona dipun age | wadyanira sang wiku | lamon ayun uningèng wadi | takona wong petangan | ingaran dhêdhukun | yèn ayun ing pangawasa | kang kajaba sangking wirayating tulis | takona wong atapa ||

27. Pangeran Banawa matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | sakèhe bêbarkatane | rama aji pukulun | pan sumăngga ulun puniki | tuwan bêktèng Mataram | pantês anak sêpuh | kang anduma wêwarisan | jêngandika ulun tan amisesani | sakèhe bêbarkatan ||

28. Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Banawa | lah abênêr

--- 443 ---

sasmitane | bêbarkatan sun pundhut | ulun gawa maring Matawis | cihna gêdhe kang purna | rama ji lan ingsun | têmên-têmên kênèng kêdhap | sarasaning sarkara rupa lan manis | tan kêna pasahna |[25]|

29. lah karia yayi ingsun amit | ingsun mulih maring ing Mataram | sun èstokkên sawêlinge | salamêt sira kantun | Adipati Banawa nangis | nèng ngarsane kang raka | padane sinuhun | sêsambate amlasarsa | yèn tinilar bapa babu ingkang lalis | datan narka panggiha ||

30. enjang mangkat Senapati mulih | kêbating lampah lwir angin topan | praptèng Mataram lampahe | wus lumêbêt kadhatun | Senapati jumênêng aji | wong Mataram kang seba | miwah ingkang sunu | lirna mantri pamajêgan | wong kajoran pêpêk anèng ing Matawis | Sultan Pajang wus sirna ||

31. awatawis lagya pitung bêngi | Senapati rawuh ing Mataram | miwah sakula wangsane | anuntên enjingipun | Senapati miyos tinangkil | pêpêk kang para putra | ngandikan mring ngayun | sakèhe para santana | ingandikan pan sami jinunjung linggih | apan sinama-sama ||

32. lawan sami sinungan kêkasih | dening Senapati ing Ngalaga | wontêndene

--- 444 ---

Radèn Tompe | ya Pangeran Tumênggung | Gagak Bani ingkang kêkasih | Radèn Santri winastan | ing kêkasihipun | ya Pangeran Singasêkar | Radèn Jambu Pangeran Amangkubumi | sampun sami wibawa ||

33. ri sampuning mangkana winarni | wontên prajurit ing Bantên prapta | kesahe sing nagarane | dening nagri Matarum | senapati kaloka sêkti | digdaya myang arosa | pilih tandhingipun | ing tanah Jawa tan ana | prajurit Bantên prapta sêdya ngayoni | mring Kyagêng Senapatya ||

34. praptanira pan lagya sawêngi | nèng Mataram dèrèng kauningan | prajurit Bantên praptane | mring Senapati iku | enjing Radèn Răngga manggihi | mring prajurit kang prapta | tumulya amuwus | hèh wong Bantên praptanira | arsa apa apa arsa angayoni | mring rama Senapatya ||

35. aywa kita ngayoni rama ji | ulun dhingin kita ayonana | rama ji gampang kalahe | yèn wus kasoran ulun | alah mara jaringong iki | iya kita cêkêla | putungêna iku | jarijinya Radèn Răngga | gya cinêkêl mring wong Bantên kang prajurit | pinêtêg datan mêndat ||

36. tita panyêkêle tan ngaèsi | wong Bantên kipatakên agya |[26] prajurit têbih plêsate |

--- 445 ---

gya tangi marêk sampun | jari kinèn nyêkêl aganti | dhatêng ing Radèn Răngga | anulya sinambut | cinêkêl jarijinira | mring rahadyan wong Bantên tan kêna mosik | malah malocot ika ||

37. palintiran mêksa tan kênasik | Radèn Răngga asmu bramêtyèng tyas | gya tinabok prajurite | sapisan agya lampus | kang prajurit wadyanya gusis | malayu asasaran | palayunya mantuk | dhatêng ing Bantên punika | Radèn Răngga katur rama Senapati | anulya ingandikan ||

38. praptèng ngarsa Senapati angling | hèh Ki Răngga kita sutaningwang | kita lêwih ing surane | lawan rosa atêguh | wadyèng ulun Mataram iki | tan ana kadya kita | ing kasuranipun | amung kita ingkang sura | amatèni ing wong Bantên lagi prapti | durung uninga ringwang ||

39. dening kita lêwih kumawani | yèn kita Răngga tuhu arosa | lah kita putunga kiye | jêmpole sukuningsun | Radèn Răngga uningèng wadi | wruh yèn ramanya duka | ing tyas bêndunipun | watêkera[27] Radèn Răngga | datan kêna cinampah-campah ing janmi | nadyan si ramanira ||

40. dadya supe tan uningèng runtik | Radèn Răngga saksana anyandhak | jêmpoling [jêmpo...]

--- 446 ---

[...ling] rama sukune | karsanira amutung | Senapati angraos sakit | kinipatakên sigra | kontal ingkang sunu | rahadèn ajrih wangsula | dukèng rama lumajêng tan miyos kori | manêmpuh banon kitha ||

41. tanpa ngapa banon tinêmpuh ing | Radèn Răngga ing pangraosira | lwir tumamèng sawang bae | ika ta purwanipun | banon kitha bolong sajanmi | ya ta Rahadèn Răngga | lajêng jrih ing bêndu | ngalor ngetan lampahira | pan asêdya apurik dhatêng ing Pathi | tan kandhêg lampahira ||

42. tarkanira Senapati têbih | kesahira suta Radèn Răngga | Senapati sigra linge | mring wadya kang ingutus | wadya gandhèk kinèn nututi | mring Radèn Răngga ika | sanggène kapêthuk | sutèng ulun Radèn Răngga | wangsulêna kang kinon mêsat sira glis | lampahe gêgancangan ||

43. katututan dhusun Sokawati | risang duta umalang ing ngarsa | saha mangrêpa ature | dhuh rahadèn tuwanku | ulun kinon ramanira ji | kita kinèn wangsula | rama kita ngungun | ulun takut yèn mantuka | lamun tuwan tan purun wangsulèng ngriki | ulun pan pinêjahan ||

44. Radèn Răngga sigra dènira ngling | hèh

--- 447 ---

sang duta ulun datan arsa | yèn kinon wangsul ing kene | benjing ulun umantuk | yèn wus têka ing karsa mami | lah kita awangsula | aywa kita asru | amêmalangi lumampah | risang duta amêksa angrangkul sikil | pinipit suku pêjah ||

45. duta kantun satunggil gya mulih | lampahira prapta ing Mataram | tumama ngabyantarane | Senapati kapangguh | risang duta mangrêpa linggih | manêmbah ri suku sang | mangusapi lêbu | Senapati sigra mojar | hèh sang duta sutèng ulun apa mulih | Si Răngga ingkang mentar ||

46. risang duta matur awotsari | hèh tuwanku Senapati ingwang | sampun lumampah kinèngkèn | nusul ing sutèng prabu | Radèn Răngga inggih kapanggih | Sokawati kacandhak | ulun akèn wangsul | Radèn Răngga datan arsa | yèn wangsula ing benjing ubaya mulih | yèn wis tumêkèng karsa ||

47. ulun sangêt angaturi mulih | malah duta kang satunggil pêjah | pinipit suku patine | sangking angrangkul suku | Radèn Răngga lajêng lumaris | puruge ngalor ngetan | tarkèng ing tyas ulun | dhatêng Pathi Radèn Răngga | Senapati kampita ing tyas akingkin | dadya sukur ing Suksma ||

48. Radèn Răngga lampahira prapti | ing Pathi nagarane kang paman | wong

--- 448 ---

Pathi wruh kagyat tyase | sigra nuli umatur | wadyèng Pathi mring sang dipati | ulun atur uninga | dhatêng sang pukulun | suta tuwan Radèn Răngga | ing Mataram punika prapta mariki | arsa marêk ing tuwan ||

49. kagyat tyasira sang adipati | aris mojar maring wadyanira | apa ta baya kinèngkèn | praptane sutèng ulun | maring kakang mas Senapati | ature kang tinanyan | dene tanpa batur | upama yèn ingutusa | suta tuwan sayêkti yèn mawi kanthi | măngsa borong paduka ||

50. Adipati ing Pathi andugi | lamun purik praptane kang putra | lawan asangêt kangêne | sigra dènnya amuwus | Adipati mring wadyanèki | lah timbalana agya | Radèn Răngga iku | apan dahat kangên ingwang | iya maring Radèn Răngga suta mami | kang kinon agya mintar ||

51. apan pasohaning Pathi nênggih | wontên sela agêng tan upama | nyêlani palinggihane | ing mantri sohan iku | sakathahe wadya ing Pathi | apan datan kawawa | ngilangêna iku | sangking gênging punang sela | Radèn Răngga ri sêdhêng prapta ningali | mantri sohan tan piyak ||

52. Radèn Răngga ciptanira wadi | apa baya karsanira paman | ulun tinimbalan age | dening praptaning

--- 449 ---

ulun | wadya datan kinèn sumingkir | iki ngayoni uga | mring kang wong Matarum | yêkti sela kang ing ngarsa | kinèn nêmpuha Rahdèn[28] Răngga sira glis | manêmpuh rikang sela ||

53. sela agêng sumyur tinêmpuh ing | Radèn Răngga têmahan gêlêpang | Radèn tan ngraos anggane | wadyèng Pathi andulu | suka angrês ing tyas ningali | sêktine Radèn Răngga | sukane andulu | dening lamine kang sela | pinrih ilang wadyèng Pathi tan kadugi | mangkana ciptèng wadya ||

54. Radèn Răngga mangsah masilar ing | ngarsaning paman sang adipatya | saha mangrêpa linggihe | gya manganjali sampun | ri suku sang Dipati Pathi | aris denira mojar | Răngga sutèng ulun | apa ta kita dinuta | ngramanira kakang êmas Senapati | lan ulun iki uga ||

55. kangên têmên ulun ing sirèki | sukur bagja kita mangke prapta | dahat sukaningsun mangke | Radèn Răngga gya matur | sayêktose ulun puniki | apan datan dinuta | ing raka pukulun | anut ing karsa priyăngga | adodol ing karsa sampun alami |[29] ing mangke kalampahan ||

56. lagya sipêng saratri nèng Pathi | Radèn Răngga ya ta amiyarsa | sangking lingirèng wadya kwèh | ana wong tapa gêntur | paguronnya [pa...]

--- 450 ---

[...guronnya] kang wong sa-Pathi | unggyanira atapa | sêsèndhèn ing kayu | wrêksa asêm sinendhenan | wêtahipun atêmah galinggang aking | ri wus dadya galinggang ||

57. apan datansah dipun cuwili | wrêksa galinggang mring kang atapa | cinuwil ing kanakane | sakwèhing sisyanipun | apan dèrèng uningèng wadi- | nira ing gurunira | panyuwiling kayu | dadya sisyanira tanya | hèh Kiyai punapa wadine iki | kang wrêksa cinuwilan ||

58. gurunira sigra anauri | hèh sisyèng ulun lah wruhanira | iki ta besuk ing têmbe | iya manawa besuk | ana dhanganèng kang aurip | dimon iki kinarywa | ngobori wak ingsun | lan malih dimon kinarya | andamari ing tyas ingsun iki benjing | kagyat tyasing atanya ||

59. sarya tanya malih sisyanèki | hèh kiyai lah kadi punapa | têka mangkatêna têmbe | gurunira gya muwus | wis mêngkono ing karsa mami | kaya mêngkono uga | ing panêmuningsun | ya ta wau Radèn Răngga | mirsa yèn wontên wong tapa dèn purugi | wantunya Radèn Răngga ||

60. sarêng wong tapa ika kapanggih | tan amawi catur myang pariksa | gya cinandhak sinasuwèk | ăngga wong tapa wau | datan wontên wutuh sanyari | sinasuwèk

--- 451 ---

Dyan Răngga | samana gya kondur | Radèn Răngga mring Mataram | kawarnaa wong tapa gya dèn purugi | ing dalu mring sisyanya ||

61. sapraptane guru tan kapanggih | yèn pêjaha ăngga datan ana | mung ana tilasing gêtèh | watêkipun ing dalu | nulya wraksa kang cinacuwil | kinumpulakên ika | mring sisya kang guru | kinarya obor punika | tumulya ge kinarya ngobor-obori | ing ăngga gurunira ||

62. apan kapanggih dipun sêsuwir | angganing guru pating balêsar | Radèn Răngga pambucale | ya ta sami dèn ruruh | maring sisya ăngga kapanggih | sangking sasuwir ika | watêkipun dalu | ri sampunira ngalêmpak | sasuwiraning ăngga pinêtêk aglis | maring ing sisyanira ||

63. kawarnaa Radèn Răngga prapti | ing Mataram sigra tinimbalan | ing rama dahat marmane | prapta ngayunan sampun | Radèn Răngga mangrêpa linggih | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | saha manganjali ngrama | Radèn Răngga tansah sira dèn arasi | mring rama Senapatya ||

64. ramanira sigra dènnya angling | hèh Ki Răngga kita sutaningwang | wus awayah kita mangke | amêwahana kawruh | ngindhakêna kadigdayaning | miwah ing kasantikan | kang durung tinêmu | mungguhing janma nonoman | utamane [u...]

--- 452 ---

[...tamane] ingkang adigdaya sêkti | tinaha ing sasama ||

65. Radèn Răngga ciptanirèng ati | apa ingkang ingong guronana | yèn mênggahing janma bae | tan ana kadya ulun | Senapati uningèng wadi | hèh Răngga lamon kita | lumaksanèng tuduh | ayya kita mring janma lyan | gêgurua ing eyangira pribadi | ing paman Juru ika ||

66. iku ungsêdên lah dèn angênting | têdhanên apa sangèlmuneka | Radèn Răngga mêsat age | mintar mring eyangipun | Kyai Juru ika kapanggih | apan lagya asalat | Radèn Răngga rawuh | alênggah jawining lawang | masjid alit jêjogan têdhak sing masjid | kasongan ing pananggap ||

67. bêbaturing pananggap dèn sungi | sela kumalasa saha rata | jêjogan têdhak salate | ika unggyannya lungguh | Radèn Răngga dènnya anganti | bakda salat kang eyang | dènnya salat luhur | tan adangu asung salam | dènnya salat Kyai Juru aningali | yèn ingkang wayah prapta ||

68. linggih mangrêpa sandhaping kori | wau sela ingkang kumalasa | dinulêkan jarijine | lwir dulêk siti êmpuk | ting caromplong tilas jariji | Ki Juru kagyat ing tyas | dènira andulu | angling hèh iku Ki Răngga | apa ora atos watu [wa...]

--- 453 ---

[...tu] kodulêki | nulyatos ingkang sela ||

69. dinulêk malih tan kêna mosik | punang sela dahat atosira | Radèn Răngga nyiptèng tyase | iya lêrês kang tuduh | rama ulun Sang Senapati | ulun kinon gurua | mring eyang Kya Juru | samitra tuwa tan wênang | ingungkulan wajib ginuron ing ngèlmi | miwah ing kadigdayan ||

70. Radèn Răngga sangêt ing pangudi | mring kang eyang nêdha wurukira | gya winurukakên kabèh | sangèlminya Ki Juru | Radèn Răngga sampun atampi | sasasmitaning eyang | samana wus mantuk | Radèn Răngga tan winarna | laminira apan ta wontên awarti | patalan wontên ula ||

71. malah sawêr amêjahi margi | gêdhenira sawêr tan upama | yèn ula ing dharatan bae |[30] samana sampun katur | dhatêng Radèn Răngga kang warti | watêking Radèn Răngga | yèn miyarsa tutur | kang anglangku rosan |[31] tan sarănta anulya ge dèn purugi | sawêr anèng patalan ||

72. tan adangu Radèn Răngga prapti | ing patalan kapanggih kang ula | atêmpuh padha surane | sarêng ula andulu | dhatêng radyan anandêr wani | Radèn Răngga apanggah | dahat suranipun | ingaranan sawrê[32] naga | sarêng nêmpuh amulêt ăngga ngêbêki | Radèn Răngga apanggah ||

73. rahadèn datan angalawani | punang sawêr nêlasakên [nêla...]

--- 454 ---

[...sakên] karosan |[33] Radèn Răngga sêsumbare | lah têlasêna iku | hèh sang ula rosanirèki | mupung sira gêsang |[34] ulun pan atangguh | wus têlas rosaning ula | Radèn Răngga tumulya sigra malêsi | sawêr binêthot pêjah ||

74. ri sampuning pêjah sawrê aglis | Radèn Răngga nulya kondur sira | sapraptane ing dalême | ya ta datan winuwus | lami-lami radèn asakit | yuswa patbêlas warsa | turas gêrahipun | Radèn Răngga lajêng seda | kawarnaa kang wibawa ing Matawis | Ki Agêng Senapatya ||

75. tulus dènira umadêg aji | nèng Mataram Senapati ika | miyos saking kadhatone | sineba ing wadya gung | masilar ing kathilèng manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | kang sohan munggwing ing ngarsa | pra santana kang sampun jinunjung linggih | miwah kang para putra ||

76. karsaning Sang Senapati mijil | apan kang para putra sadaya | sami jinunjung linggihe | ingkang putra pambayun | Pangran Răngga apan wus lalis | kantun Kangjêng Pangeran | Pugêr kang panggulu | nuntên Pangeran Purbaya | nuntên ingkang rayi wau akêkasih | Pangeran ing Jaraga ||

77. nuntên kang rayi sinung kêkasih | kang jumênêng Pangeran Juminah |

--- 455 ---

nuntên wau arine |[35] kang badhe madêg ratu | Panêmbahan Karapyak nênggih | anuntên arinira | ing kêkasihipun | ya Pangeran Pringgalaya | wontên dene kang rayi èstri kêkalih | sampun sami akrama ||

78. jênêng Radèn Dêmang Tanpanangkil | nuntên arine kalih punika | Têpasana kêkasihe | têlas jinunjung lungguh | ingkang paman sinung kêkasih | Dipati Măndaraka | mangkana winuwus | Adipati ing Banawa | kang jumênêng Susunan Pajang anênggih | sataun laminira ||

79. nyandhak asangêt ingkang kêkêling | datan kenging wau ingusadan | kalangkung sangêt gêrahe | para niyaka rêmbug | atur uning ing Senapati | yèn ingkang rayi gêrah | sangêt datan emut | nulya wau aputusan | mantri Pajang lumajêng dhatêng Matawis | lampahipun akêbat ||

80. duta Pajang rawuh ing Matawis | wus apanggih lawan Senapatya | duta wus katur ature | nuntên susulan rawuh | sangking Pajang atur upaksi | yèn kang rayi wus seda | kalangkung gêgêtun | akathah ingkang karasa | Senapati waspanira adrês mijil | dening kang rayi seda ||

81. duta Pajang anêmbah nulya mit | sabature lampahe akêbat | rawuh ing Pajang enjinge | apan pinêtêk [pi...]

--- 456 ---

[...nêtêk] sampun | ya sigêgên datan winarni | Senapati Ngalaga | kang ganti winuwus | sampune ing pitung dina | karsanira Senapati ing Matawis | ingkang rayi ingangkat ||

82. Pangeran Tumênggung Gagak Baning | tinanêm anèng nagari Pajang | sampun atêtêp linggihe | mantri punggawa suyud | atanapi punggawa cili | ing Pajang wus atata | kadi duk karuhun | tan owah ingkang parentah | karanipun sitinggil kilèn puniki | tan purun sasamaa ||

83. wêwangunan Sultan Pajang nguni | sakathahe wêwêngkoning pura | ginêmpur lêmahdhuwure | myang pasareanipun | dèn ingêri wetan puniki | ênggènira awisma | pangeran tumênggung | sakilèning kitha Pajang | na astana mukmin saking Arab singgih | mila kitha ingêlar ||

84. linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil sawab barkate | dening pangran tumênggung | purwanipun batane uni | patute kitha Pajang | pasagi rumuhun | pangeran tumênggung seda | tan warnanên lamine gènira lalis | pinêtêk ing Mataram ||

85. ing dagane Ki Agêng Matawis | ingkang rama anênggih punika | sakilèn masigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarane ing Pajang iki | kagêntosan punika [pu...]

--- 457 ---

[...nika] | nênggih wastanipun | Pangeran ing Pajang ika | wus alama samana sampun asinggih | nêmbang durma ing ngarsa ||

42. Durma

1. ênêngakêna ing Pajang dyan kocapa | nagara ing Matawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos saneba[36] ing mantri | kang para putra | santana samya nangkil ||

2. Adipati Măndaraka lunggwèng ngarsa | saha tinari-tari | paman Măndaraka | kadya apa ing karsa | ulun arsa ayêktèni | ingkang wirayat | Jêng Sinuhun ing Giri ||

3. Adipati Măndaraka aris mojar | ngong sakêthi umiring | karsa pakanira | Senapati ngandika | paman kalamon sawawi | Si Pangalasan | lumampaha mring Giri ||

4. angrêmbagi Kya Dipati Măndaraka | Pangalasan tinari | sira lumampaha | dhatêng Sinuwun Ngarga | aturêna surat mami | Ki Pangalasan | tampi sêrat pinundhi ||

5. sampun amit Pangalasan adan bubar | wong sawidak kang ngiring | tan kawarnèng marga | lampahipun akêbat | lumakya siyang myang ratri | dahat sirenggal | prapta ing Giri enjing ||

6. Panêmbahan ing Giri lagya sineba | myang para putra nangkil | muwah pra santana | pêpêk anèng paseban | Dyan Pangalasan Matawis | gya praptanira | linarapakên aglis ||

--- 458 ---

7. Pangalasan wus ingandikan ing ngarsa | anuli atur tulis | winacèng wardaya | dènira panêmbahan | mèsêm sarya ngandika ris | lah Senapatya | ing Mataram puniki ||

8. lamun ayun angyêktènana wirayat | amimitana dhingin | iya lumuruga | maraa ing bang wetan | iku pratăndha sayêkti | pun Pangalasan | anêmbah tumulya mit ||

9. Ki Pangalasan tumurun saking Arga | Dyan Panêmbahan Giri | maksih sinewaka | dening para santana | mangkya angandika aris | sapa uninga | rêke ing Giri èsthi ||

10. ujaring wirayat ing Mataram iki |[37] ing têmbe Mangkubumi | kabèh nusa Jawa | samya ngidhêp Mataram | nadyan ing Giri puniki | sapa wêruha | yèn sisip-sisip iki ||

11. nanging parentahing Hyang tan kêna owah | apan uwis pinasthi | ing dahuru zaman | ratu dadi kawula | kawula kèh dadi gusti | tandhane ana | Pajang lawan Matawis ||

12. pra santana pra putra kabèh turira | panêdha amba iki | sampun mênangana | ing zaman kang mangkana | Rajèng Giri angling aris | wus karsaning Hyang | amasthi polah iki ||

13. ênêngêna Sang Rajèng Giri samana | kawarnaa Matawis | Senapati Nglaga | ika dawêk sineba | yuyunên dènira

--- 459 ---

nganti | sampun sawulan | dan Pangalasan prapti ||

14. Pangalasan jumarojog mring paseban | nulya sinapa aris | lah ta Pangalasan | aglis sira matura | sawêwêkas Rajèng Giri | ingaturêna | mring Rajèng ing Matawis ||

15. wêwêkase Raja ing Giri punika | wus ngaturakên sami | Senapati Nglaga | mangke alon ngandika | paman Măndaraka mangkin | ingwang dinuta | dèn Panêmbahan Giri ||

16. duk ing kina rama ngiring Sultan Pajang | munjuk dhumatêng Giri | ing wulan Mukharam | nadyan sun tumamaa | maring ing bang wetan mangkin | wulan Mukharam | anut marga rumiyin ||

17. ri sampunira mangke Raja Mataram | nulya putusan mangkin | dhumatêng ing Dêmak | lawan ing Kalinyamat | adan prasamya acawis | wusing samêkta | dhumatênga Matawis ||

18. wong Jagaraga adan samya siyaga | miwah wong Pajang sami | kabèh ingarahan | tumindaka angetan | dadya sira nulya cawis | tansah gêgaman | kawarna ing Matawis ||

19. ing nalika mangke ing wulan Mukharam | dyan Kyai Senapati | ing Mataram mangkat | lumuruga mangetan | sigêgên wadya Matawis | dan kawuwusa | ing Surapringga mangkin ||

20. sampun ingaturan dening kajinêman [kajinê...]

--- 460 ---

[...man] | kalamon wong Matawis | sampun lumuruga | mring nagari bang wetan | Dipati Surabayèki | wus aputusan | nagara wetan malih ||

21. ing Tuban Sidayu sampun ingutusan | Lamongan lan Garêsik | Dipati Lumajang | Kartasana lan Malang | ing Pasuruan Kadhiri | ing Wirasaba | wong Balitar acawis ||

22. ing Majapura Pringgabaya Pragunan | ing Lasêm wus acawis | Dipati Madura | Sumênêp Pakacangan | pan sampun atata baris | sampun anabrang | maring Surabayèki ||

23. samya pêpêk sakyèhing para dipatya | baris kagiri-giri | pan sêdya amapak | yudane wong Mataram | manawa tindak ngajurit | sêdya anăngga | yudane wong Matawis ||

24. wong Mataram prapta angêpung ing Japan | sêdya binêdhah wani | ya ta sikêp wetan | sampun kumpul ing Japan | wus ayun-ayunan jurit | ana ing Japan | sigêgên kang winarni ||

25. raja pandhita ing Giri ingaturan | kalamon wong Matawis | angêpung ing Japan | nanging nagara wetan | sadaya samya nulungi | wontên ing Japan | sami apacêk biting ||

26. sigra Panêmbahan ing Arga putusan | kaum sadaya iki | dhatênga ing Japan | sarya amawi surat |

--- 461 ---

kaum sadaya lumaris | ing lampahira | dhatêng ing Japan iki ||

27. tan kawarna ing marga wus praptèng Japan | nulya amondhok aglis | wong agung Mataram | iku wus kinongkonan | dening utusaning Giri | wong agung wetan | prasamya dèn kongkoni ||

28. sampun prapta wong agung wetan sadaya | miwah rajèng Matawis | apan sampun prapta | samya linggih atata | wus pêpêk para dipati | utusan Ngarga | nulya sira ngling aris ||

29. hèh wong agung Mataram wong agung wetan | ingsun dinuta iki | dening Panêmbahan | Ngarga mring pakanira | tur sarwi amawi tulis | lah piyarsakna | asmarane kang tulis ||

43. Asmarandana

1. Hèh kaki jêbèng Matawis | miwah jêbèng Surabaya | dening ta sira sun tongton | samya rêbut panjênêngan | nêdya awawan-wawan | lah uwis padha rahayu | iya dening lamon ana ||

2. pamiyakira Hyang Widdhi | kang ngandhap kang luhur ika | besuk ana tinêmune | ing mêngko pan durung măngsa | balik padha atuta | lah prajangjiya sirèku | pilih padha piniliya ||

3. wêwadhah kalawan isi | iku singa amiliha | yèn uwis milih mêngkono | sira padha asokura | ing Hyang kang Maha Mulya | titi winaos sratipun | Senapati nêkêm sirah ||

--- 462 ---

4. mirsa ungêle kang tulis | sarya sira angandika | lah yayi Surabayane | kayaparan karsanira | dikane Sunan Ngarga | pakanira lawan ingsun | mangke kinèn amiliha ||

5. irêngan kalawan isi | andika dhingin miliha | manira pan kari bae | nadyan kathah adipatya | miwah kang para nata | tan kinèn milih puniku | mung andika lan manira ||

6. wêwadhah kalawan isi | yayi pundi piniliha | manira atadhah bae | Dipati ing Surabaya | apikir jroning nala | ngong piliha wadhahipun | apan kothong kang wêwadhah ||

7. Senapati ngandika ris | lah kadipundi kang karsa | yayi pundi kang pinilèh | Dipati ing Surabaya | mojar lah inggih kakang | ulun milih isinipun | kita darbea wêwadhah ||

8. Senapati ngandika ris | inggih yayi karsandika | ngong kang duwe wêwadhahe | isine pan pakanira | wusing aprajangjian | pra dipati sami mantuk | dhatêng pasanggrahanira ||

9. tanapi Ki Senapati | wus mulih mring pasanggrahan | wus sineba ing wadyane | miwah kang para santana | Mandraka munggwing ngarsa | Senapati lon amuwus | alah Paman [Pa...]

--- 463 ---

[...man] Măndaraka ||

10. bumi bang wetan puniki | ing mangke pan duwèningwang | sapa ngisènana têmbe | raina wêngi ngong alap | pan iku buminingwang | yèn tan anuta maringsun | aywa ngancik buminingwang ||

11. lah wus bubarêna aglis | paman gêgaman Mataram | manira pan bubar mulèh | Senapati sampun bubar | mantuk dhatêng Mataram | miwah bang wetan wong agung | wus bubar mulih sadaya ||

12. ênêngakêna rumiyin | kocapa Susunan Ngarga | wus sinungan uning age | yèn Dipati Surabaya | amilih isi ika | Mataram irênganipun | Senapati kang ingalap ||

13. Panêmbahan ngandika ris | pan wis takdiring Hyang Suksa |[38] ing bang wetan pan kaduwe | marang ing Raja Mataram | èngêtna jangji padha | nuli binabadan sampun | paksa rusak tata janma ||

14. ênêngêna Rajèng Giri | kocapa ing Surabaya | tatkala sineba andhèr | pêpêk ingkang para putra | miwah mantri punggawa | ya ta nagara kang kidul | apan ngasenan[39] punggawa ||

15. lawan ingisenan mantri | pan ora antara warsa | wong wetan tumindak age | ing wande kang dhinatêngan | kinalahkên ing yuda | èngêta sangkalanipun | awas rusak tatèng janma |[40]|

16. anulya mundur sira glis |

--- 464 ---

wau lampahe wong wetan | saryantuk boyongan akèh | Dipati Pajang sung wikan | dhatêng Rajèng Mataram | yèn mangke pasitèn Warung | rinusak dening wong wetan ||

17. Rajèng Mataram sigra ngling | hèh iya Dipati Pajang | mênênga dhingin ing mêngko | ing bang wetan iku uga | kabèh pan duwèningwang | Dipati Măndraka matur | yèn sawawi lan andika ||

18. bang wetan puniku mangkin | lêhêng nuntên linurugan | Senapati sigra linge | alah paman sabarêna | benjing sasi Mukharam | dandana dawêk anglurug | dhatêng nagari bang wetan ||

19. manira tindak pribadi | tan pitaya anunggea | manawa wong wetan abot | sigêgên raja Mataram | kocapa Adipatya | Pranaraga nèng Madiun | apan lagi pagunêman ||

20. Natèng Madiun sigra ngling | paran mangkin karsa para | wong Mataram iki mêngko | amrih nagara bang wetan | dening arsa angrusak | wong wetan pinrih anungkul | marang nagara Mataram ||

21. iya ing Mataram iki | ing mêngko ta kaya wongwa | sakêkunang upamane | yèn ora gya sinirama | pasthine iki uga | nora wande lamon mabul | satêmah angămbra-ămbra [angămbra-ă...]

--- 465 ---

[...mbra] ||

22. nêdha siniram tumuli | sinayom dipati kathah | i[41] Mataram iki mêngko | mupung maksih alit ika | Dipati Pranaraga | aris dènira amuwus | inggih arêmbag kawula ||

23. sigra utusan sira glis | ing wau Jêng Panêmbahan | Madiun saha sêrate | wus lumampah dutanira | dhatêng ing Surabaya | Panêmbahan ing Madiun | sampun amêpêk gêgaman ||

24. myang Dipati Pranaragi | wus sami mêpêg gêgaman | wontên kang winuwus malèh | Dipati ing Surabaya | dawêgira sineba | prapta utusan Madiun | wus ingandikan mring ngarsa ||

25. sampun tinampan kang tulis | kang surat sampun winaca | sampuning maos tulise | dipati aris ngandika | iya duta matura | mring Panêmbahan Madiun | miwah yayi Pranaraga ||

26. lintang dening sun ngrêmbugi | aywa sumêlang ing driya | iya ingong utusane | sakèhing bupati wetan | dimone iya padha | bantua prang ing Madiun | sigra nuli ingutusan ||

27. sakèhing para bupati pati |[42] bang wetan wus ingutusan | sami mêpêk gêgamane | kalintang gênging gêgaman | sêmana sampun bubar | sakathahing baris agung | mring Madiun lampahira ||

28. sêdya abantu ing jurit | tan kawarna lampahira |

--- 466 ---

sigra prapta ing lampahe | nagara Madiun ika | mondhok wetan bêngawan | lir tasik tanpa têpiku | sigêgên datan winarna ||

29. kocapa Rajèng Matawis | sampun ngaturan uninga | yèn mangke wong tèn akèh |[43] sami nèng Madiun ika | arsa ngrisak Mataram | ya ta Senapati gupuh | amêpêk wadya balanya ||

30. ing Dêmak kalawan Pathi | apan sampun ingutusan | Warung Garobogan kabèh | ing Kêndhal lan ing Sêmarang | Kalinyamat wus prapta | saha gêgaman akumpul | wontên nagara ing Pajang ||

31. ing Kêdhu Bagêlèn sami | prapta sagêgamanira | Senapati bubar age | saha bala ing Mataram | kumpul gêgaman Pajang | ing marga datan winuwus | ing Kalidhadhung wus prapta ||

32. sampun pamondhokan sami | kilèl[44] lèpèn prênahipun |[45] apan andhênêng[46] barise | dening têtiyang bang wetan | mondhok wetaning toya | sami arêrangkah sampun | wong cilik mangsang bitingnya ||

33. pamondhokan wong Matawis | pranahe[47] kilèning kitha | Madiun kali êlête | matur Dipati Măndraka | paran karsa andika | wong Pranaraga Madiun | pan sami tumut mangetan ||

34. Panraga barise mijil |

--- 467 ---

pangawat kiwa gènira | Pangran Madiun barise | nanging ika dèrèng mêdal | paman têka mindêla | ana malih dayaningsun | Senapati angandika ||

35. hèh Adisara sirèki | ingsun jaluk gawenira | lah mêngko sira sun kongkon | Adisara aturira | inggih nuhun sandika | nadyan dhumatênga lampus | kawula datan lênggana ||

36. Natèng Matawis sigra ngling | Adisara malêbua | ing gêni gawanên mangko | surat ingsun aturêna | dhumatêng Panêmbahan | ing Madiun dipun katur | lan sira apêpaesa ||

37. paèsira dèn abêcik | saksana pun Adisara | ing wau sampun apaès | dhasar wong ayu utama | karêngga ing busana | kadi murcaa dinulu | Senapati angandika ||

38. lah sira saosa joli | Jaya Antaka milua | baturmu gawanên kabèh | wong patang puluh milua | dèn prayitna ing baya | lan Si Angabèi Warung | milua mring Adisara ||

39. lamon sira dèn takoni | iya marang wong bang wetan | warahên ingsun kalamon | anungkul mring Panêmbahan | ing Madiun aseba | Adisara wêkas ingsun | kalamon sira ginebang ||

40. maring paranakan sami | ing Madiun ladènana | aja têka satêmêne [satê...]

--- 468 ---

[...mêne] | Ni Adisara anêmbah | sampun anitih jolang | mangkat kang ngiring kumutug | pan sarwi binêktan surat ||

41. upacaranira asri | munggèng ngandhaping jampana | amalatar jajarane | upacara pinayungan | apan rineka-reka | kadi putri lampahipun | mojar Dipati Măndraka ||

42. kadipundi tingkah iki | mèsêm Senapati nabda | sadhidhik sun srah gembange | Rajèng Madiun kang nala | kocapa Adisara | lampahira pan lumintu | anêrang wong pabarisan ||

43. wong wetan atanya sami | puniki joli punapa | Jantaka aris ature | puniki raja Mataram | atur panungkulira | mring Panêmbahan Madiun | wong wetan sami angucap ||

44. lah sokur ing wong Matawis | tandhane anungkul ika | maring Panêmbahan ingong | pan pintêre wong Mataram | duga kasoran dadya | nungkul wikan ngawakipun | rinasa datan kawawa ||

45. ana lèn wadyèka angling | ywa girang gumuyu sira | ngong wruh ing lêluwangane | akalnya rajèng Mataram | dibya sêkti aguna | ana lyan ika amuwus | kadya datan mangkanaa ||

46. kocapa Madiun iki | ingkang baris ing jro kitha | Adipatya

--- 469 ---

Madiune | rikala lagya sineba | pêpêk mantri pramănca | Panêmbahan ing Madiun | arsa miyos benjang enjang ||

47. wong agung bang wetan nênggih | pagunêman pasanggrahan | Pangeran Madiun mangko | dèn antya ring wiyosira | apa iki wadinya | wong Madiun ora mêtu | têka amêmawa kêmba ||

48. mangkana ingkang winarni | Pangran Madiun punika | lagya agunêm wiraos | dèrèng tutug angandika | kalawan kang punggawa | Adisara nulya rawuh | jumarojog ing paseban ||

49. Adisara anungkêmi | ing padane Panêmbahan | ingkang seba cingak kabèh | kagyat dènira umulat | samya ling ring tyasira | wong ngêndi baya kang rawuh | têka anungkêmi pada ||

50. Dipatya Madiun angling | lah babo sira linggiha | arsa atêtanya ingong | lah sira iki wong apa | ing ngêndi wismanira | lan sapa aranirèku | lawan apa karêpira ||

51. saksana mundur tumuli | ing wau pun Adisara | anêmbah umatur alon | kawula ingkang putusan | têtiyang jêngandika | pun Senapati Matarum | kawula pun Adisara ||

52. kawula dinuta gusti | umarêk dhatêng paduka | angaturakên surate | pun Senapati Ngalaga | katura ing paduka | pun Senapati anungkul |

--- 470 ---

datan lênggana ing karsa ||

53. Dyan Rajèng Madiun nuli | anampani ingkang surat | Sang Nata ngandika alon | lah atmaja ngong Mas Lonthang | kita macaa surat | dadya Ki Mas Lonthang sampun | manêmbah amaca surat ||

54. bêbukanirèng tulis |[48] punika sêmbah kawula | pun Senapati jatose | apan ta datan anêdya | amêngsah Panêmbahan | pun Senapati anungkul | ngawulèng ing Panêmbahan ||

55. têtiyang sampeyan dhingin | Madiun kang wisma Pajang | paduka sunga cacahe | pintên kathahnya sadaya | amba angantukêna | dhatêng nagri ing Madiun | Mataram kagungan tuwan ||

56. titi wêkase kang tulis | natèng Madiun ngandika | lah iya tarima ingong | pracayane sutaningwang | Senapati Ngalaga | kaya ngapa wong Madiun | ing karêpira sadaya ||

57. Pangran Madiun sigra ngling | kadya pa ngong tan nuruta | pan sêdya rahayu bae | lah Adisara matura | marang ing sutaningwang | apan ora sêdya ingsun | amungsuha lan Mataram ||

58. dening wong bang wetan iki | nêdya mungsuh ing Mataram | lah ana karêpe dhewe | matura ing putraningwang | karsane wong tang[49] wetan | ingsun ora milu-milu | pun Adisara turira ||

59. yèn kawula [ka...]

--- 471 ---

[...wula] dèn takoni | dhumatêng pun Senapatya | wadya paduka sakèhe | apacak baris gêgaman | punapa si botêna | ngandika rajèng Madiun | ngong baris têngga nagara ||

60. alah mara ăndhamoi | sakèh baris bubarêna | atur sêmbah ingkang kinon | binubarakên sadaya | wus mantuk sowang-sowang | wau barising Madiun | umatur pun Adisara ||

61. wêlingipun Senapati | kawula kinèn anêdha | kakoloh pada Sang Katong | kinarya jimat trêsăndha | dening pun Senapatya | ya ta raja ing Madiun | amasuhi padanira ||

62. Adisara anadhahi | munggwèng ing bokor salaka | natèng Madiun dêlinge | ingsun dipun andêlêna | ing anak Senapatya | ingsun ora milu-milu | ing yudane wong tang wetan ||

63. Ni Adisara wus amit | sampun anitih jampana | bubar lawan sabature | wus mêdal jawining kitha | tansah dados tongtonan | sakèhe bala Madiun | sami eca manahira ||

64. samana pan sampun prapti | pondhoke tiyang Mataram | Senapati winiraos | apan ta lagi alênggah | pun Adisara prapta | asuka ing manahipun | Senapati ing Ngalaga ||

65. paèse mêksih abêcik | Adisara marenea [ma...]

--- 472 ---

[...renea] | atur sêmbah ingkang kinon | cundhuk anungkêmi pada | wau Ni Adisara | sasolahe sampun katur | mring Senapati Mataram ||

66. kala bubarakên baris | miwah duk anèng ing marga | ambucal toya kakoloh | kang munggèng bokor salaka | kantun sapalih ika | siniramkên sikilipun | dhatêng pun Puspakancana ||

67. Adisara matur malih | ing wasana aturira | inggih kawula atakèn | punapa darbe atmaja | èstri kang lêwih endah | lingipun yèn darbe sunu | diwasa tan arsa krama ||

68. mangkatên lingnya sang putri | benjang ngong arsa akrama | yèn ana mrêtuwa têmbe | manêmbah ring mantunira | iku pakramaningwang | lawan pêpanggil panyukur | yèn tan mangkana tan arsa ||

69. mèsêm Senapati angling | midêra sèwu nêgara | măngsa olèha wadine | kang kadya Si Adisara | lah ngong dahat tarima | lakunira ingong utus | lah benjing sun ganjar sira ||

70. ri sampuning mangkanèki | Adipati Măndaraka | èngêt ing tyas sigra linge | hèh Ki Senapati kita | apa kita mirsaa | wirayat duk praptanipun | Kiyai Ăntakusuma ||

71. Senapati anauri |

--- 473 ---

saure dahat tan mirsa | wirayat ika jatine | Adipati Măndaraka | gya atutur wirayat | mangke tan wirayatipun | praptaning Kyantakusuma ||

72. ulês-ulêse kinardi | rasukan mring Jêng Susunan | Lèpènjaga sadadose | rasukan gya tinakenan | mring Jêng Susunan Bonang | karya punapi puniku | Jêbèng Kali pakanira ||

73. ature Susunan Kali | ulês rumiyin punika | kawula damêl ing mangke | rasukan inggih manawa | amarêngi ing benjang | dados anggèn-ênggènipun | kang bêkêli tanah Jawa ||

74. apan sasampuning dadi | ingkang rasukan punika | Sultan Dêmak Sultan Paos | kala jênênge samana | pan boya pinatêdhan | manawa manawinipun | bok marêngi pakanira ||

75. lah nêdha cinoba ugi | puniku Ki Senapatya | kita suhuna ing mangke | satêngah iku dadia | ing pasanggirinira | yèn kapatêdhakna iku | tuduh pasthi kang pangèstya ||

76. Senapati tumulya ngling | inggih kadipundi paman | atur manira pênêde | dhatêng Kajêng Panêmbahan | Kya Măndaraka mojar | măngsa kiranga puniku | ing budi atur prayoga ||

77. aglis mêsat Senapati | saha wadya kêkapalan | mung kawan dasa kathahe | kadi angin lampahira |

--- 474 ---

kêbat anulya prapta | aran dhepok Ngadilangu | prapta cumundhuk manêmbah ||

78. sumungkêm ing pada kalih | mangusap lêbu suku sang | Panêmbahan anabda lon | ana pa kita bageya | Ki Jêbèng paran karya | pan kita lagya prang pupuh | têka umarêk maringwang ||

79. Senapati sigra angling | saha sambah[50] aturira | dhumatêng Susunan Lèpèn | mila amba mangke prapta | atilar pabarisan | sêdya nuhun sabda wuruk | rèh parigêl Panêmbahan ||

80. dening ta ulun puniki | yèn aprang asring katiban | kaprawasèng ing mimise | punika amba rumasa | jasat sakit katiban | mila amba nuhun wuruk | têtulak braja tumama ||

81. mèsêm sinuhun sarya ngling | iya bênêr tingka sira | ki bayi ing saêlinge | bêcik sira anganggoa | aling-alinging badan | sigra anulya pinundhut | iki anggon-anggonira ||

82. nanging ing wêwêkas mami | Ki Bayi marang ing sira | iki aja sira anggo | kalane asukêr sira | lah iki wruhanira | pasujudan dalêm tuhu | Kangjêng Nabi Rasulolah ||

83. sigra nêmbah Senapati | abukuh palungguhira | lajêng sujud ing mukane | malah konjêm ing buntala | gèn

--- 475 ---

nampèni wasiyat | kang sangking Jêng Sinuhun |[51] Lèpènjaga wus tinampan ||

84. Senapati tumulya mit | manêmbah nungkêmi pada | wusing sud mêsat age |[52] sangking ngarsa Panêmbahan | Senapati Ngalaga | sawadyanira akumpul | kawan dasa kêkapalan ||

85. lampahe kêbat lir angin | wus prapta ing pabarisan | ing Madiun wadya ngantos | ing praptane Senapatya | miwah Kya Măndaraka | angraos dhatêng pangèstu | sigra durmane tinêmbang ||

44. Durma

1. Kawarnaa Adipati Măndaraka | matur mring Senapati | lah ki Senapatya | kadipundi wêkasnya | dening wong wetan puniki | aris ngandika | Senapati Matawis ||

2. inggih ing dintên Kêmis punika |[53] ngong wêdali pribadi | lan malihe paman | aprajangji manira | yèn wong wetan ika wani | anabrangana | manira pagas ngriki ||

3. Adipati Măndaraka aris mojar | lah ta Ki Senapati | aja ta mangkana | dhinginkên takaburnya | bilih mungsuh iku ugi | wani nabranga | tan wande ingsun benjing ||

4. anglampahi darbe ratu pêpagasan | Senapati sru angling | sarwi ngêpêl sêga | paman rika mindêla | ya ta binuwang tumuli | sêkul kêpêlan [kêpê...]

--- 476 ---

[...lan] | rinêbut dening anjing ||

5. datan gêmpil rinêbut asu têtiga | sêkul sakêpêl iki | malah pothèl samya | untuning asu ika | kang paman angling jro ati | sapa mungsuhnya | yèn Senapati runtik ||

6. kawarnaa wadyabala ing Mataram | prapta ing dina Kêmis | sampun asiyaga | sabusananing yuda | arsa mêtoni ngajurit | mêpak gêgaman | anèng sajroning biting ||

7. angandika Senapati ing Ngalaga | yayi Mas Mangkubumi | lah sira dadia | pangawat anèng kanan | wong Kaliwungu Sêmawis | lawan ing Dêmak | angiringa ing yayi ||

8. myang ariningong yayi Mas Singasêkar | dadi pangawat kèri | lan wong Garobogan | Warung myang Kalinyamat | atanapi wong ing Pathi | padha ngiringa | yayi pangawat kèri ||

9. wong ing Pajang dadyaa kang gêgunungan | dening ta ulun iki | lan paman Măndraka | tan kêna binastua | saprayoga gon mêtoni | lah agya padha | nabranga sirèng kali ||

10. Paman Măndaraka lah kita kantuna | ulun anabrang dhingin | mung têngran manira | paman ayya pinasang | yèn manira dèrèng prapti | ing sabrang wetan | yyan ulun wus nabrangi ||

11. tumulya têngran iku gya

--- 477 ---

pasangana | suraka têpyèng kali | ri sampun mêmêkas | Senapati Ngalaga | sampun anitih turanggi | ngrasuk wasiyat | bajo tambaling jawi ||

12. kang umiring wadya satus pêpilihan | samya wahana wajik | saksana anabrang | Senapati angetan | wadyanya satus angiring | datan abênggang | lampahira lêstari ||

13. Senapati sapraptaning sabrang wetan | agya wadyèng Matawis | umadêg dwajanya | tăndha mêtoni yuda | têngranira Senapati | umadêg sigra | surak wadya Matawis ||

14. wadya wetan surak prasamya adandan | wadyèng Mataram mijil | saha sanjatanya | suraknya lir ampuhan | bêndhe umuni tinitir | têngran prangira | Senapati Matawis ||

15. tinub ing kwèh binrondong ing bêdhil munya | warnanên Senapati | agya anarajang | manêmpuh sing iringan | wadyanya samya angiring | saha turăngga | sarêng mamuk ngajrihi ||

16. wadyèng wetan kabèh wruh sarya ngling sira | hèh rowang dèn ngatyati | ngingêrna sanjata | kidul lah tingalana | ika uga Senapati | kalambya tambal | padha wahana wajik ||

17. wadya wetan gya mingêr saha sanjata | ya ta Ki Senapati | binendrong bêdhilnya |

--- 478 ---

kasasang[54] ganjur atap | wadya wetan akèh mati | pan ingamukan | limbung tangkêping jurit ||

18. Senapati ngamuk lan Kya Măndaraka | ya ta wadyèng Matawis | wus samya anabrang | Pangeran Singasêkar | manglambung sangking ing kèri | kang mêtyèng kanan | Pangeran Mangkubumi ||

19. Senapati kuda ran puspa kancana | kang tinitihan jurit | napas ulêsira | agêng inggil arosa | karoban mimis tan gingsir | pangamukira | anepak angidêki ||

20. Adipati Măndraka pangamukira | apan karwa cêmêthi | ran Ki Sapujagat | sakèhing kang katêrak | wadya wetan akèh mati | myang ganjur watang | kasampe tigas panjing[55] ||

21. Senapatya tandangnya kagila-gala[56] | kang tinêmpuh kyèh mati | umiris kang gêsang | buyar gya palayunya | kawiting prang wanci enjing | malah tumêka | lingsir kilèn mêkasi ||

22. wadya wetan larut tan măngga puliha | myang wêdyèng Pranagari | malaywa sasaran | apan sarwi angucap | wong Madiun dèn pisuhi | nyata kaparat | têka ambalenjani ||

23. witing gawe Madiun ingkang angajak | mêngko angapirani | ya ta amiyarsa | mèsêm Ki Senapatya | pangucapira wong cilik | wong Pranaraga | angusi kutha sami ||

--- 479 ---

24. wusing bubar larut wong wetan sadaya | Dipati Măndraka ngling | hèh Ki Senapatya | de puniku kang kuda | uwus mati dèn tunggangi | Ki Senapatya | gya tumêdhak sigra ngling ||

25. hèh têka dahuwe Kyai pakanira | apan puniku ugi | kala lingsir wetan | sampune gone pêjah | nulya rubuh punang wajik | Ki Senapatya | sigra ngandika aris ||

26. lah sakèhe iya anak putuningwang | miwah satêdhak mami | aja ana nganggya | jaran kang ulês napas | manawa tan kadya mami | sawuriningwang | dyan kawarnaa mangkin ||

27. wong Mataram kang buru bali sadaya | nulya anjêjarahi | wong Madiun ika | samya eca manahnya | sawarnining kêbo sapi | aglar pangonan | eca anambut kardi ||

28. ya ta kagèt wismanira ingobongan | tur sarwi dèn jarahi | kang băngga tinumbak | têtiyang asasaran | prasami angungsi wukir | kang ngungsi kitha | akèh kaboyong kari ||

29. Natèng Madiun wus ngaturan uninga | lamun bala Matawis | praptane jêjarah | kang băngga pinatenan | wong Madiun dèn boyongi | sri naranata | gêgêtune artati ||

 


Kurang satu suku kata: nira Sultan ing Pajang. (kembali)
sang. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: lathinira kumêdut. (kembali)
pracihnane. (kembali)
singsim. (kembali)
Kurang satu suku kata: apan sora ulun apêranga. (kembali)
Kurang satu suku kata: kacarita ana desa Mayang. (kembali)
pandêlêgan dan di tempat lain. (kembali)
Kurang dua suku kata: prayogane senapati sun aturi. (kembali)
10 kinèngkèn. (kembali)
11 kang jumênêng Pajang nagari. (kembali)
12 abêcik. (kembali)
13 unggyanira. (kembali)
14 wêling. (kembali)
15 angkuhipun. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: bênêr Pangêran Banawa. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: pan iku kang duwe waris. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: lawan wong Kudus barisan. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: nira Dipati ing Dêmak. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: myang kang gulakalapa. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: lawan wadya ing Mataram. (kembali)
22 sigra. (kembali)
23 tunggu. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: angungsi anèng jro pura. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: tan kêna pasahêna. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: wong Bantên kinipatakên agya. (kembali)
27 watêkira. (kembali)
28 Radèn. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: adêdolan ing karsa sampun alami. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: yèn ula ing dharat bae. (kembali)
31 Kurang dua suku kata: kang anglangkungi karosan. (kembali)
32 sawêr (dan di tempat lain). (kembali)
33 Lebih satu suku kata: punang sawêr nêlaskên karosan. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: mumpung sira agêsang. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: anuntên wau arine. (kembali)
36 sineba. (kembali)
37 Biasanya guru lagu a: ika. (kembali)
38 Suksma. (kembali)
39 ngisenan. (kembali)
40 Tanggal: awas rusak tatèng janma (S 1502). Tahun Masehi: 1580–1. (kembali)
41 ing. (kembali)
42 Lebih dua suku kata: sakèhing para bupati. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: yèn mangke wong wetan akèh. (kembali)
44 kilèn. (kembali)
45 Biasanya guru lagu a: prênahira. (kembali)
46 andhêndhêng. (kembali)
47 prênahe. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: bêbukanirèng kang tulis. (kembali)
49 bang (dan di tempat lain). (kembali)
50 sêmbah. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: kang sangking Kangjêng Sinuhun. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: wusing sujud mêsat age. (kembali)
53 Kurang dua suku kata: inggih benjing ing dintên Kêmis punika. (kembali)
54 kasangsang. (kembali)
55 pancing. (kembali)
56 kagila-gila. (kembali)