Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 25–32)
1. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 11–14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 15–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 20–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 25–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 33–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
7. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 41–47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
8. | Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 48–57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
25. Mijil
1. jêng pangeran dipati wus mijil | saking jro kadhaton | ginarêbêg ing para manggunge | upacara atata nèng ngarsi | kang ngampil pra manis | asri yèn dinulu ||
2. banyak dhalang lawan sawunggaling | ardawalika wor | kinang êmas lêlantaran gandhèk | kêkuthuk mas lan kacu mas adi | kang samya angampil | wanudya yu-ayu ||
3. samya ngagêm sami sutra kuning | asri lamun tinon [tino...]
--- 2: 87 ---
[...n] | nulya rawuh paglaran tindake | munggèng basal[1] pêngrawit lênggah glis | ing dhêdhampar rugmi | lèmèk kasur babut ||
4. pêpak sagung wadya kang anangkil | myang santana katong | Adipati Măndraka jajare | lan kang putra Pangran Mangkubumi | kadwinya atêbih | lan sang rajasunu ||
5. myang Pangeran Singasari nangkil | jajare alunggoh | nênggih Adipati Pugêr mangke | lan Pangeran Juminah prituwin | miwah Adipati | Wiramanggla ngayun ||
6. atanapi Pangran Purbaya di | sowannya abungkoh | Dipati Têpasana jajare | myang Dipati Pringgalaya maswi | lawan Adipati | Jayaraga ngriku ||
7. wusdene Dipati Martalaya di |[2] lan kadange kono | Arya Jayasupănca têpunge | Adipati Pajang wus anangkil | miwah Ki Dipati | Dêmak ta ing ngriku ||
8. myang sagunging mantri ing Matawis | sêk supênuh kang wong | anadene ing Kêdhu Bagêlèn | pan sadaya prasamya amaswi | tuwin wadya baris | wus tata gyanipun ||
9. dan jumênêng Pangran Mangkubumi | gya undhang gunging wong | lah ta padha èstokêna kabèh | yèn ing mêngko gèr Pangran Dipati | sun junjung dadya ji | Mêngkurat Matarum ||
10. lamun ana kang malang ing kapti | gung santananingong | lah ta mara têkakêna mangko [mang...]
--- 2: 88 ---
[...ko] |[3] iya aku tandhingira jurit | putra sada jrih |[4] prasamya mituhu ||
11. wusdene sagung wadya Matawis | gêng alit sakèh wong | ya ta ngriku angèstrèni kabèh | pan kapundhi dhawuhing dipati | Pangran Mangkubumi | sanalika mashur ||
12. marang sagung wadya ing Matawis | Pangran Dipatyanom | yèn wus jumênêng sultan ing mangke | amêng rat nênggih ing Matawis |[5] gung wong suhud bêgti | mring kangjêng sinuhun ||
13. lah ing ngriku laminya anênggih | dènnya mêngku kraton | nagri Mataram gêmah arjane | datan ana wong kang laku sandi | parentahnya adil | jêjêg gamanipun ||
14. ya ta wau sang nata tinangkil | pêpak kang ponang wong | pra santana samya maswi kabèh | lah ing ngriku ngandika sri mulki | hèh wong Matawis |[6] ingsun arsa mundhut ||
15. gawenira karyakna sun iki | pijaga ing kulon | danalaya ing kono arane | sakuloning kadhatonku iki | wadya nyandikani | glis nulya anambut ||
16. karsanira kangjêng sri bupati | mêng-amêngan kang wong | laweyan pêthak langkung agênge | pun Juru Taman ingkang kêkasih | nèng dalêming puri | sigra kinèn mêtu ||
17. nèng kêdhatyan datansah ngrusuhi | ngèmpêr jêng sang katong | para garwa kèh klèntu dadine | klangênan sagungira kagimir |
--- 2: 89 ---
dèn nyana sri mulki | ngriku milanipun ||
18. lah ing kono tamanan wus dadi | asri lamun tinon | danalaya anênggih namane | Juru Taman gya wus kinon mijil | anèng tamansari | ing kono gyanipun ||
19. purwanira Jêng Sultan Matawis | punjul ing prang popor | ngambah jêladri lir ratan pindhane |[7] lamun arsa ngidêri kang nagri | sakêdhap gya prapti | nênggih milanipun ||
20. sabab juru taman ingkang nyunggi | sapurug sang katong | mila nglangkungi nata sêktine | wusdene lamun tiking latri |[8] kang writ tan bayani | myang drigamèng kewuh ||
21. lah ing ngriku jêng sultan siniwi | sêk supênuh kang wong | pra santana samya nangkil kabèh | Dipati Măndaraka tan têbih | Pangran Mangkubumi | jajarira lungguh ||
22. kêlawan Pangeran Singasari | nèng byantara katong | Martalaya kang anèng wurine | mung Pangeran Pugêr kang tan maswi | wit lingsêming galih | dene kadang sêpuh ||
23. langkung merang maswi mring kang rayi | prênah kadang anom | Adipati Pugêr ing sêdyane | adarbea cêcangkok pribadi | Dêmak ingkang nagri | ing ngriku pinundhut ||
24. angandika Jêng Sultan Matawis | mring Măndraka alon | wusdene lan Ki Mangkubumine | paran karsa ing mangke puniki | kakang Mas Dipati | Kapugêranipun ||
25. botên dados ecaning panggalih | aseba maringong | ing karsane kangmas Pugêr
--- 2: 90 ---
mangke | adarbea pêthilan pribadi | ing Dêmak nagari | kakang mas gyan mundhut ||
26. paran karsa pêkênira mangkin | Măndraka turnya lon | yèn sêmbada tinurut karsane | lah kapriye ta Ki Mangkubumi | Pangran Mangkubumi | ature jumurung ||
27. inggih malah dadosa kang tampi | Mataram sang katong | Măndaraka asru pangandikane |[9] hèh sakèhe pra bupati mantri | padha ingsun tari | priye rêmbugipun ||
28. wadya Mataram asaur-paksi | dhèrèk karsa katong | wontên ngriki pakèwêt kalbune | gih suwawi darbea nagari | pra sêntana sami | sadaya jumurung ||
29. sri narendra angandika aris | dhumatêng ponang wong | aturana kangmas Pugêr age | sigra mangkat utusan wus prapti | Kapugêran inggih | duta sigra matur ||
30. inggih kawula gusti tinuding | dening rayi katong | angaturi paduka dèn age | ingantosan wontên ing sitinggil | pangeran wus dugi | ing karsa sang prabu ||
31. gya kampuhan wus nitih turanggi | pangeran gya miyos | sêsandêran pan aglis praptane | ing ngarsanira wau kang rayi | jajar dènnya linggih | Măndraka nèng ngayun ||
32. angandika kangjêng sri bupati | mring kang raka alon | inggih kangmas paduka ing mangke | darbènana ing Dêmak nagari | nama adipati | ing Dêmak puniku ||
33. ingkang raka anuwun nampèni | ing sabda [sa...]
--- 2: 91 ---
[...bda] sang katong | wus mupakat ing wadyabala kèh | yèn Pangeran Pugêr asêsilih | jumênêng dipati | ing Dêmak puniku ||
34. angandika malih sri bupati | mring kang raka alon | kangmas Pugêr lajênga ing mangke | budhal dhatêng ing Dêmak nagari | sandika dipati | gya salaman sampun ||
35. nulya kondur kangjêng sri bupati | malêbèng kadhaton | kang sewaka samya bubar kabèh | adipati ing Dêmak wus prapti | ing dalêmira glis | lajêng dandan sampun ||
36. garwa putra wus mrantya prasami | gya budhal ponang wong | tan kawarna ing marga lampahe | ing nagari Dêmak sampun prapti | lajêng sang dipati | narubkên madya gung ||
37. wadya Dêmak asuyut prasami | ngidhêp sagunging wong | mring dipati ing Dêmak ta mangke | sakathahing wong Dêmak samya jrih | marang ki dipati | kèh samya anungkul ||
38. pamomonge pangeran duk nguni | tăndha nagri agrong | pan ing mangke jinunjung lungguhe | Adipati ing Pijêr anênggih | wastanira mangkin | janma kèh wus mashur ||
39. pan kinarya wau kang pêpatih | parentah ponang wong | wadya Dêmak samya ngèsthi kabèh | Adipati Dêmak wirya mukti | tinimbang Matawis | ing kamuktènipun ||
40. nalikanira Dêmak kariyin | kocapa sang katong | ing Mataram sineba wadyandhèr | para santana prasamya maswi | myang para bupati | nèng byantara prabu ||
41. wontên [wontê...]
--- 2: 92 ---
[...n] ingkang sadhèrèk kêkalih | wragiling sang katong | Mas Têmbaga anênggih namane | Ki Mas Kêdhawung ingkang satunggil | karsanya sang aji | yun jinunjung lungguh ||
42. ngandika lon kangjêng sang sri mulki | dhatêng wadya katong | ngèstokêna wadyaningsun kabèh | ariningsun Ki Têmbaga mangkin | sun junjung kang linggih | lan Dhimas Gêdhawung ||
43. Ki Têmbaga jênênga dipati | Pugêr karsaningong | Ki Gêdhawung sun paring namane | iya Pangran Dêmang Tanpanangkil | samya angèstuti | wadya ing Matarum ||
44. sri narendra angandika malih | marang sagunging wong | kakang êmas ing Dêmak ta mêngko |[10] apa nora suwala ing budi | ing Dêmak nagari | apa ta wus suyud ||
45. Martalaya sigra awotsari | matur jêng sang katong | pan kawula miyarsa wartine | inggih sae raka paduka ji | pan sampun akardi | patih namanipun ||
46. Tăndhanagara jinunjung linggih | mring raka sang katong | Adipati ing Pijêr wastane | langkung karta sultan sukèng galih | tandya sri bupati | kondur dalêm agung ||
47. samya kêbut punggawa kang nangkil | ngriku sang akatong | kang kocapa ing Dêmak ta mangke | adipati pan lagya tinangkil | dene para mantri | pêpak anèng ngayun ||
48. wus alami dipatya ing mangkin | tan maswi sang katong | pan kalimput dening ing kamuktèn | wontên bupatinipun [bupati...]
--- 2: 93 ---
[...nipun] satunggil | Dipati ing Gêndhing | ika wastanipun ||
49. sigra matur mring sang adipati | wotsêkar turnya lon | pan kawula anuwun karsane | dene tan na maswi mring Matawis | atur amba gusti | inggih sampun tanggung ||
50. pan nagari saêlèring wukir | binahaka kang wong | kinon ngidhêpa mring Dêmak kabèh | lan paduka jumênênga aji | mapan tunggil wiji | lan rayi sang prabu ||
51. sampun pantês paduka jêng gusti | jumênênga katong | wong kang êlèr paduka ratune | rayi narpa jumênêng Matawis | ing Dêmak narpati | paduka apatut ||
52. adipati ing Dêmak sigra ngling | bapa byantu ingong | apan ingsun wus mikir lamine | nanging durung ana kanthi mami | mêngko sira iki | dadi rowang ingsun ||
53. langkung suka tyasira dipati | gya jumênêng katong | Dipadi[11] Dêmak langkung sukane | miwah sagung ingkang para mantri | suka tyase sami | sadaya jumurung ||
54. angandika sira adipati | kabèh wadyaningong | lah ta sira lungaa dèn age | bapa anêlukna sak lor wukir | konên seba mami | prihên padha suyut ||
55. lamun băngga patènana sami | rabine binoyong | wadyanira nulya pamit kabèh | anglampahi parentahing gusti | sampun dèn bahaki | wong salèh ring gunung ||
56. ingkang băngga samya dèn pêjahi | rabine binoyong | wus misuwur ing Dêmak balike | Dipati Pajang miyarsa warti | yèn Dêmak wus balik | gya
--- 2: 94 ---
utusan sampun ||
57. mring Mataram ngaturi udani | marang jêng sang katong | kang kocapa nagri Matarame | sri narendra wus miyos tinangkil | dene para mantri | paglaran supênuh ||
58. pra santana sadaya anangkil | Măndraka tan adoh | Pangeran Mangkubumi jajare | kêlawan Pangeran Singasari | lan Martalaya di | samya munggèng ngayun ||
59. kawarnaa duta Pajang prapti | marêk ing sang katong | wus tinata utusan ature | inggih kawula gusti sang aji | wiyose tinuding | dening abdi prabu ||
60. pun paman Pajang ngaturi warti | dhumatêng sang katong | raka paduka ing Dêmak mangke | apan inggih gusti sampun balik | tiyang lèring wukir | sadaya anungkul ||
61. ingkang băngga samya dèn pêjahi | rabine binoyong | myang jinarah sak rajakayane | mangke sampun jumênêng narpati | nagari pasisir | pan sampun misuwur ||
62. angandika alon sri bupati | mokal ujar ingong | apan ingsun wus piandêl dhewe | lamun kakang êmas ambahaki | wong saloring wukir | yèn yêktia patut ||
63. nadyan mundhuta sakidul wukir | sakèhe ponang wong | iya kangmas sapa gone ngêmpèk | lamun dudu panjênêngan mami | angêmpèka mukti | ingsun ingkang agung ||
64. nadyan nagara Mataram iki | darma ingsun momong | kakang êmas iya mèlu darbe | pan ing Dêmak iya ing Matawis |
--- 2: 95 ---
wêlinge rama ji | sun kinon amatut ||
65. angandika malih sri bupati | mring Măndraka alon | lah ta eyang karsa kula mangke | kakang êmas manira aturi | marang ing Matawis | lami tan katêmu ||
66. lan sakèhe pawarta puniki | manawi tan yêktos | inggih arsa sun yêktèni dhewe | yèn kangmas sun aturi tan prapti | yêktos tan sayêkti | gèn adarbe dulur ||
67. Adipati Măndraka turnya ris | dhèrèk karsa katong | tuwin Pangeran Mangkubumine | atanapi Pangran Singasari | turira ngrojongi | sadaya jumurung ||
68. lawan ingkang wawêlinging nguni | swargi rama katong | kinèn lumrah lawan sadhèrèke | sapa ingkang amiwiti dhingin | nora nêmu bêcik | wasiyat rumuhun ||
69. sri narendra angandika aris | wong gandhèk sun kokon[12] | lumakua mring Dêmak dèn age | aturana kangmas mring Matawis | matura yèn mami | liwat onêng ingsun ||
70. lan sakèhe wong saloring ardi | aturêna kang wong | cundaka gandhèk atur sêmbahe | wus lumampah tan kawarnèng margi | wus praptèng nagari | ing Dêmak jinujug ||
71. kawarnaa dipati anangkil | pêpakan kanang wong | Adipati ing Gêndhing ngarsane | Adipati ing Pijêr tan têbih | wus ngaturi uning | wontên duta rawuh ||
72. gya ngandikan duta praptèng ngarsi | umatur wotsinom | gusti lampah kawula kinèngkèn | dening rayi paduka sang aji [a...]
--- 2: 96 ---
[...ji] | ingkang salam taklim | katura pukulun ||
73. lawan kinon ngaturakên bumi | salèr ngardi kang wong | katura paduka sêdayane | kalih paduka dipun aturi | mring nagri Matawis | sangêt kangênipun ||
74. lami datan kêpanggih lan gusti | rayi jêng sang katong | adipati alon ing dêlinge | lah matura marang yayi aji | manira tan apti | lumakwèng Matarum ||
75. Adipati ing Gêndhing nambungi | kras ujare sogol | iya ingsun ingkang nora awèh | iya pantês dadia narpati | manira tan ajrih | mungsuh wong Matarum ||
76. lah matura cundaka dèn aglis | marang ing sang katong | lamun ingsun ora awèh mangke | adipati angandika aris | warahên mring yayi | ingsun yèn tan purun ||
77. êntèkêna wadya ing Matawis | tan lumaku ingong | ponang duta anulya lumèngsèr | tan kawarna ing marga wus prapti | nagari Matawis | ngriku sang aprabu ||
78. sampun miyos sang nata tinangkil | pêpak sagung kang wong | Ki Măndaraka munggèng ngarsane | miwah Jêng Pangeran Mangkubumi | Pangran Singasari | tansah anèng ngayun ||
79. sampun prapta utusan wotsari | matur ing sang katong | amba sampun dinuta sang rajèng | angaturi raka paduka ji | pan botên lumaris | sampun madêg ratu ||
80. pun Dipati Gêndhing kang akardi | mila madêg katong |
--- 2: 97 ---
sampun misuwur nagri bang êlèr | wêlingira raka paduka ji | matura si adhi | dèn tog wong Matarum ||
81. măngsa ingsun gêlêma lumaris | mring Mataram ingong | ingsun wus duwe nagara dhewe | kathah-kathah dêlinge raka ji | lan Dipati Gêndhing | wuwuse tan patut ||
82. kaatura dhatêng paduka ji | wuwusipun awon | sampun têlas kang duta ature | sarêng myarsa wau sri bupati | kèmêngan jro galih | brăngta sêmu bêndu ||
26. Asmaradana
1. angandika sri bupati | mring Dipati Măndaraka | punapa karsa ing mangke | kakang êmas wus kêtara | bêcike lawan ala | Ki Măndaraka umatur | yèn makatên rakandika ||
2. gih purun madayèng wêling | wasiyate ingkang rama | mangkana inggih karsane | măngsa boya nêmahana | singa amiwitana | wasiyate kang rumuhun | măngsa manggiha raharja ||
3. karsa manira ing mangkin | nêdha sami linurugan | lah jêbèng Mangkubumine | kalawan Ki Singasêkar | lah paran karsanira | Pangran Mangkubumi matur | kawula dhèrèk kewala ||
4. sang nata ngandika aris | lamun ora kêlampahan | pan wus karuan cidrane | ki raka Dipati Dêmak | pan arsa ngayonana | wong Mataram yudanipun | lah age padha dandana ||
5. kang Martalaya dèn aglis | pêkênira têngaraa | Martalaya sigra bêndhe | wong Mataram sampun obah |
--- 2: 98 ---
pan sami asiyaga | wus kumpul sajuru-juru | wadyabala ing Mataram ||
6. ngalun-alun dènnya baris | pra santana sampun prapta | Pangeran Purubayane | lan Pangeran Têpasana | Dipati Jagaraga | Arya Wiramênggala wus | tuwin Pangran Pringgalaya ||
7. Pangeran Juminah prapti | Dipati Pugêr rowangnya | myang Pangran Tanpanangkile | pan sampun prapta sadaya | sumêktaning ayuda | samya baris ngalun-alun | miwah kang para prawira ||
8. prasamya anata baris | Adipati Măndaraka | matur dhumatêng sang katong | kadipundi karsa dika | sintên kang nindakana | punapa ta jêng sang prabu | nanging pangraos kawula ||
9. ngamungna mantri Matawis | kalawan para santana | kang prawira sakathahe | kaya kuwawa anăngga | găndra pira wong Dêmak | angandika sang aprabu | sampun ngandika gêgampang ||
10. datan wontên agêng alit | Hyang Suksma Ingkang Kuwasa | damêl mênang lan kawone | punika sami pinutra | tur putra ingkang tuwa | punjul ing prakosanipun | inggih eyang putra dika ||
11. ki raka arsa ngayoni | inggih dhatêng ing manira | pan ingsun lumampah dhewe | dhatêng nagari ing Dêmak | lah nêdha budhalêna | sakèhe gêgaman agung | sigra nulya atêngara ||
12. pan sampun budhal kang baris | ingkang lumampah ing ngarsa | sakathahe mantri kilèn | Kyai Bojor wastanira | lawan Ngabèi Ngrawa | Ki Tumênggung Ngawu-awu [Ngawu-...]
--- 2: 99 ---
[...awu] | ing Kalêgèn Kyai Răngga ||
13. ing Kalêng aran ngabèi | panggêdhene kang kocapa | Ngabèi Jênar wastane | ing Galugu Jayayuda | samawung sira răngga | Ki Ngabèi Sangubanyu | ing Sampang Jayawikrama ||
14. rendhetan sira ngabèi | Ki Nalasraba wastanya | padha nindhihi sikêpe | sadaya sami prawira | kathahe kawan dasa | prasami gêng-agêngipun | ginawe gêdhug payudan ||
15. sumambung wadya Matawis | Ki Tumênggung Patrawăngsa | Tumênggung Singajayane | kalawan Arya Panular | Ki Dêmang Tanpanaha | Wiranagara Tumênggung | lan Tumênggung Jagayuda ||
16. Ki Ngabèi Wirapati | lan Dêmang Malangsumirang | Kartiwadana rowange | anuli Ki Saradipa | kalawan wa Supănta | Martalaya anèng pungkur | angirit wadya Mataram ||
17. anulya dipun sambungi | sakèhe para santana | Pangeran Purubayane | lan Pangeran Têpasana | Arya Wiramênggala | Pangran Juminah nèng pungkur | lan Pangeran Pringgalaya ||
18. Dipati Jaraga nuli | Adipati Pugêr ika | lan Dêmang Tanpanangkile | wurinya sri naranata | lumampah anèng têngah | kang dados pawingkingipun | Adipati Măndaraka ||
19. lan Pangeran Mangkubumi | lan Pangeran Singasêkar | lawan wong Kajoran kabèh | sang nata sampun lumampah | magêrsari akapang | towok tamèng gamanipun | sami prayitna [pra...]
--- 2: 100 ---
[...yitna] ing baya ||
20. sisihipun wong angrangin | anuli wong sarawisa | kalawan wong panutrane | nulya kawula panumbak | saragêni ing ngarsa | priyataka wurinipun | tinon saking ing mandrawa ||
21. gêgaman lir gunung gêni | kadi wana kawêlagar | sapăntha-păntha lampahe | pan sami mawi têngêran | sajuru-jurunira | têngêranira malêdug | yèn tinon saking mandrawa ||
22. lir kêkuwung teja adi | lêngkawa ingkang têngêran | umbul-umbul ing warnane | lêlayu lir gêni roga | lir wukir kawêlagar | kêrbêting astra lir gunung | arêraton tiningalan ||
23. datan kawarna ing margi | prapta nagari ing Pajang | Dipati Pajang wus golong | rêrêp sêdalu samana | enjing tumulya budhal | nêngêna ingkang lumaku | kocapa Dipati Dêmak ||
24. sampun sinungan upêksi | dening kajinêmanira | dipati gya miyos age | wadyanira sampun pêpak | andhèr wontên sowanan | Dipati Gêndhing nèng ngayun | Dipati Panjêr rowangnya ||
25. angandika adipati | lah ta bapa têngaraa | wong Mataram ya wartane | ing wingi tanah ing Pajang | arsa gêcak ing Dêmak | Dipati Gêndhing amuwus | andangu wong kajinêman ||
26. ya sapa ingkang nindaki | ingkang dadya senapatya | kajinêman matur alon | inggih sang nata pribadya | kêrig para santana | tanapi kang sêpuh-sêpuh | prasami [prasa...]
--- 2: 101 ---
[...mi] kêbut sêdaya ||
27. malêrêt Dipati Gêndhing | amicorèng jroning nala | yèn mêngkono ing wartine | kayangapa yèn mênanga | wadya Dêmak sêpala | apan karubuhan gunung | kayangapa yèn bangkata ||
28. têngara bêndhe tinitir | muntap gêgaman ing Dêmak | wus prayitna ing lakune | kang kari wus samya prapta | prajurite sadaya | wong ing Dêmak sangang èwu | punika cacahing karya ||
29. Dipati Dêmak sigra ngling | mring Dipati Gêndhing ika | ing mêngko parentah ingong | sira dadia pêngawat | têngên anindhihana | mantri têngên sagungipun | sira ingkang angadua ||
30. wadana kang para mantri | Tumênggung Jaya Sambodra | dene ingkang satunggile | Ki Tumênggung Jakataka | lan Dêmang Astrayuda | myang Ngabèi Jayasatru | lawan Arya Martahita ||
31. dene ta ingkang sêsilih | dadia pangawat kiwa | bapa Panjêr pangirite | wêdana kiwa Si Arsa[13] | Binarong wastanira | Ki Ngabèi Walangcathuh | lawan Răngga Wijilodra ||
32. lawan Kidang Oring-oring | Ngabèi Sinabakêna | lawan Răngga Mulatènge | iku dadia pangiwa | si bapa nindhihana | sakèh kajinêman ingsun | lumampaha ngarsanira ||
33. nuli budhalna kang baris | sigra wau atêngara | gêgaman kumêrap kabèh | umbul-umbul lan bandera | lêlayunira umyang | kadya ta wukir katunu | balakuswa ambalabar ||
34. tan kandhêg lampahing
--- 2: 102 ---
baris | Dipati Dêmak wus prapta | mêsanggrahan ing Tambakwong | wong Mataram sigra prapta | samya ayun-ayunan | nênggih kasaput ing dalu | samya mondhok arêrakah ||
35. kocapa Natèng Matawis | parentah sun marang sira | [...] | [...] | lamun têka ing rana | kakang êmas lamun ngamuk | olèha wong pira-pira ||[14]
36. lah aja sira sedani | pêpacuh prentah sun poma | enjing kawarna barise | wong Mataram sampun tata | tangkêbe prit anêba | gêgaman Dêmak wus mêtu | sami ambêdholi rangkah ||
37. sampun anata kang baris | gêlarira supit urang | ingkang minăngka supite | Dipati Panjêr kang kiwa | Gêndhing ing têngênira | pêngawat dipatinipun | Pangeran Pugêr ing Dêmak ||
38. sigra atêngara muni | wong Mataram anarajang | kang tinunjang pangawate | Dipati Gêndhing wus mangsah | lawan para prawira | sarêng dènira angamuk | surak lir pendah ampuhan ||
39. anuju sira dipati | Martalaya kang tinunjang | lan mantri panumping kabèh | arame dènira aprang | wong Dêmak karepotan | apan ta karoban mungsuh | prajurite kathah pêjah ||
40. Dipati Gêndhing ngawaki | ngamuk lan Jayasamodra | Martalaya mapag age | kalawan para prawira | miwah Jayasupănta | Dipati Gêndhing kinêpung | kêlawan sabaturira ||
41. polahe lir banthèng kanin | kang para mantri ing Dêmak | kinêpung prajurit [praju...]
--- 2: 103 ---
[...rit] akèh | ngalor ngidul tinadhahan | Gêndhing sampun kabranan | Martalaya mêngsahipun | Dipati Gêndhing wus sayah ||
42. anulya dipun kathahi | Dipati Gêndhing tinumbak | saking kidul saking kulon | datan dangu sampun pêjah | Jasêmbodra nêrajang | nanging sampun sayah wau | tinadhahan sampun pêjah ||
43. sirahipun dèn kêthoki | prajurit Dêmak lumajar | kang kiwa nêmpuh pêrange | Dipati Panjêr narajang | lan Arya Binarongan | sabature barêng ngamuk | nuju santana Mataram ||
44. tinarajang tan gumingsir | kinêpung cinadhang-cadhang | Binarong tatu jajane | Mulatènge sampun pêjah | Walangcathung kabranan | binuru age lumayu | Dipati Panjêr narajang ||
45. sigra wau sang dipati | ing Dêmak sampun narajang | mung kari kajinêmane | anênggih Sapigumantar | lawan pun Sucahula | lawan Ki Motepangayun | lawan Dêmang Pênayaban ||
46. pun Sabalong Marawêngi | karya rusuh anèng ngarsa | punika sami lurahe | Dipati Dêmak narajang | lan kajinêmanira | singa dèn tunjang amawur | kêlangkung prakosanira ||
47. kajinêman akèh mati | wong Mataram samya ngêpang | samya nganggo canggah kabèh | sang dipati kinathahan | cinanggah kering kanan | kudane pan sampun lampus | gêgamane sampun rêntah ||
48. lir banthèng katawan kanin | pangamuke karo tangan | wong Mataram [Ma...]
--- 2: 104 ---
[...taram] mawur kabèh | kalangkung dènnya prakosa | Adipati ing Dêmak | ingkang tinarajang mawut | pangamuke karo tangan ||
49. wong Mataram akèh mati | jinêjêg miwah dinugang | tinampiling tugêl dhase | kang katrajang bubar-bubar | binithi kapisanan | ana kang jinagur rêmuk | kang sinepak polo pêcah ||
50. kang dhinupak angêmasi | sira Dipati ing Dêmak | sakalangkung prakosane | pangamuke karo asta | kadya banthèng katawan | dipati pan sampun liwung | sarira kuthah ludira ||
51. nêngah pangamukirèki | sira Adipati Dêmak | wong Mataram ngangsêg kabèh | adipati kinathahan | cinanggah jinaringan | tan kêndhat pangamukipun | kasangsang ing canggah sêmpal ||
52. ginitikan dening bêdhil | linimpung miwah brangkolang | nora kandhêg pangamuke | datan pasah dening braja | Ki Dipati ing Dêmak | pangamuke ngiwat-ngiwut | lir andaka kabêranan ||
53. wantune dipun kathahi | kadarpira wong satunggal | cinanggah dening wong akèh | jêjirêt lan jinaringan | ki dipati wus sayah | sariranira marlêsu | Ki Padurêsa nêrajang ||
54. sigra dènnya nyikêp aglis | Dipati Dêmak tan obah | pan wus cinandhak dhuwunge | wong Mataram ya ta enggal | amundhut tandhunira | pangeran sampun tinandhu | wong Dêmak bubar sarsaran ||
55. wus katur sri narapati | yèn kang raka sampun kêna | sigra wau
--- 2: 105 ---
nabuh bêndhe | tan adangu nulya bubar | saking ing pasanggrahan | wong Mataram budhal sampun | Pangeran Dêmak binakta ||
56. Dipati Panjêr sira glis | pinêjahan anèng marga | binuwang jurang mayide | sang nata pan sampun prapta | sang nata angandika | wong gandhèk wangsula gupuh | dhawuhna timbalan ingwang ||
57. kangmas wangsulna dèn aglis | marang ing Kudus nagara | utusan lumampah age | Pangeran Dêmak kêpapag | Pajatèn wastanira | winangsulakên mring Kudus | ingiring wadya Mataram ||
58. pinarnah ing Parigêli | Pangeran Dêmak punika | ingkang putra wayah kabèh | apan ta tumut sadaya | sami kawêlasarsa | anênggih sangkalanipun | rasa pêksa tata jalma |[15]|
59. kocapa sri narapati | Mataram lagya sineba | pêpak wadyanira kabèh | miwah kang para santana | lan para pinituwa | ing pagêlaran supênuh | sri narendra angandika ||
60. mêngko ing Dêmak puniki | ingsun tanduri bupatya | ya wong ganjur lêlurahe | kang aran Gadamastaka | ingsun paringi aran | Ki Suranata Tumênggung | mêngkua nagara Dêmak ||
61. ya ta wadya ing Matawis | samya ngèstrèni sadaya | jêng sultan gêganjar age | busana lawan kêncana | mantri sampun wêrata | santana pan sami sinung | busana arta kêncana ||
62. apan ta samya waradin | prasamya suka sadaya | sami runtut sadayane | Jêng Pangeran Pringgalaya |
--- 2: 106 ---
ngaturakên prasêtya | mring kang raka sang aprabu | yèn kawula anêdyaa ||
63. yèn ngangkah kraton sang aji | lawan saturun kawula | mugi cêndhaka yuswane | yèn têksih turun sang nata | anak putu kawula | yèn sêdyaa arsa mungsuh | gih sampuna murah arja ||
64. panuwun amba sang aji | turun kawula sadaya | sampun têbih têdhak rajèng | tumuta mukti wibawa | wontên ing tanah Jawa | ngandika ingkang sinuhun | lah yayi ingsun tarima ||
65. sinêksènana Hyang Widi | ing saturun-turunira | ing têmbe dadi kanthine | turunku kang madêg nata | lamun ora uninga | tan arja ing jênêngipun | măngsa bêcikna nagara ||
66. ingkang rayi awotsari | anulya kondur sang nata | malêbêt ing jro kadhaton | ingiring para biyada | manggung tuwin bêdhaya | kangjêng sultan sampun rawuh | pinêthuk garwa sarkara ||
27. Dhandhanggula
1. lah ing ngriku Jêng Sultan Matawis | kocapa Dipati Jayaraga | kang rayi kangjêng sang katong | sinung lêlungguh agung | pan nagara ing Pranaragi | pan anèng Jagaraga | sabupatènipun | inggih pan dadya ganjaran | kangjêng sultan kêlangkung dènira asih | mring Pangran Jagaraga ||
2. pan winênang akarya pêpatih | kêlawan ingiring payung bawat | sakawan gandhaga lante | nênggih pamomongipun | apan Răngga ing Pranaragi | mantrinira sadaya | punika ingetung | Ngabèi Malangsumirang |
--- 2: 107 ---
Nayahita lawan Panji Wirabumi | miwah ingkang lêlurah ||
3. Gêniroga wastane anênggih | lawan sira Ki Surănggamarta | Ki Lumaju katigane | Soda sêkawanipun | Mangkudirja gangsale nênggih | nêm Andakawana |[16] sapta Darpa iku | asthanya Wirasêtika | nawanira pan kadwi Răngga Sumêngit | dasa Sang Cakrawăngsa ||
4. kang sakawan payung bawat sami | pan sadasa ing lêlurahira | prasamya alinggih lante | lêlurah patang puluh | pan walulang ingkang lêlinggih | kathahipun kapêdhak | dwi biting puniku | kêjawi lêlurahira | para mantri pangarsa datan kawilis | pêpak dènnya sumewa ||
5. marmanira risang Adipati | Jagaraga agêng galihira | kalimput dening kamuktèn | angrasa lamun purun | amêngsaha raka narpati | ya ta miyos sineba | ing pasowanipun | apan mantrine sêdaya | lêlurahe pêpak prasamya anangkil | dipati angandika ||
6. paman Răngga sira ingsun tari | lan si bapa Wirabumi sira | karsa manira ing mangke | ingsun arsa amungsuh | mring kakang mas Natèng Matawis | iya sami pinutra | swargi rama prabu | sapa ta ingkang arosa | sayêktine jumênêng Nata Matawis | iku karsa manira ||
7. pêksaningsun ing mangke puniki | kaya wani mungsuh kakang êmas | ngrasa sun adu wus akèh | Pangeran Răngga matur | yèn kênia sampun ta gusti | pan raka jêngandika | sangêt adilipun | jêng paduka kinasihan | kinèn mukti sinungan raja [ra...]
--- 2: 108 ---
[...ja] pêpatih | lan sinungan nagara ||
8. adipati angandika aris | lah ta bapa ingsun ora kêna | yèn undurêna ing mangke | lêlurah samya matur | pan kawula inggih suwawi | pan inganti punapa | sampun mangsanipun | wadya paduka akathah | yèn ingadu kêlawan wadya Matawis | saur paksi sadaya ||
9. apan sangêt dènira ngaturi | wanti-wanti Panji lawan Răngga | datan pinirsa ature | mantri sakawan rêmbug | sadayanya samya mambêngi | sigra sami luwaran | kasaput ing dalu | Pangeran Roga[17] rêmbugan | lawan Panji Wirabumi Angabèi | aran Malangsumirang ||
10. Kyai Nayahita datan kari | Pangran Răngga aris angandika | lah kadipundi rêmbuge | yèn awèta tinunggu | pangran agêng anyilakani | lamun sida kang karsa | inggih dènnya mungsuh | mring kang raka sri narendra | nora wurung pêkênira lawan mami | benjang dadi kêthokan ||
11. lah anêdha matur mring sang aji | padha ngaturakên pêjah gêsang | kang rayi awon sêdyane | mantri sakawan rêmbug | sigra mangkat lumampah wêngi | mantri ing Jagaraga | nênggih ingkang kantun | lêlurahira sadaya | samya mirsa Pangran Răngga lan Ki Panji | kesah marang Mataram ||
12. pra lêlurah garjita ing ati | pan angrasa lamun kadhewekan | samya pinikir wêkase | tumulya atut pungkur | arsa marêk dhatêng sang aji | wus kumpul karsanira | pepe
--- 2: 109 ---
wringin kurung | enjang warnanên sang nata | arsa miyos wus pinarak nèng sitinggil | siniwakèng ing wadya ||
13. aningali sultan wringin kadwi | lamun ana wong aseba kathah | andhèr prasamya apepe | ngandika kang sinuhun | lah wong gandhèk mudhuna aglis | pariksanên wong ika | sapa aranipun | lan kang dèn pèpèkên apa | tandya nêmbah gandhèk mêdhun sing sitinggil | lampahira mêndhapan ||
14. sampun prapta gandhèk sigra angling | pêkênira punapa sinêdya | dene padha pepe kabèh | Pangran Răngga umatur | pan kawula tur pati urip | konjuka mring jêng sultan | saking jrih pukulun | kang rayi sèdhèng ing nala | gih ing mangke nêdya ngrabasèng Matawis | pêkênira matura ||
15. caraka kadwi bali gya prapti | ing byantaranira kangjêng sultan | sampun palastha ature | ngandika sang sinuhun | andhawuhkên kinèn nimbali | wong mantri Jagaraga | wus prapta ing ngayun | mundrawa tur saniskara | yèn kang rayi sumêdya mêngsah Matawis | kangjêng sultan sru duka ||
16. angandika kangjêng sri bupati | lah ta yayi Pringgalaya sira | lumakua dipun age | myang Martalaya iku | sakancane mantri panumping | kabèh padha milua | mring Jaraga iku | lêlurahe wasisakna | kang candhala boyongana ja na kari | si adhi lungakêna ||
17. aja ngancik nagriku Matawis | gya tundhungên sarabine [sa...]
--- 2: 110 ---
[...rabine] pisan | lan ja gawa wong liyane | marang masigit wau | kang sinung sabda nêmbah pamit | nêmbang têngara mangkat | swaranira umyung | wus mranti bakakasing prang | tan kawarna ing marga lampahe prapti | têpising Jagaraga ||
18. kagegeran samya dèn jarahi | sajawining kitha abusêkan | kang kesah lumayu kècèr | pangran ingkang winuwus | munggèng dalêm lênggah ing kanthil | pra garwa nèng byantara | kang tangis gumrumung | sêsambate lara-lara | dhuh pangeran wontên punapa ing ngriki | wadya Mataram prapta ||
19. anèng jawi samya tata rakit | kadospundi pangran karsa dika | tan wande mangke dadine | pangeran sultan ingsun | paranbaya benjing ing wingking | Pangeran Jagaraga | langkung gyan gêgêtun | ngraos lamun kalêpatan | tan pantara dangu caraka kang prapti | Pangeran Pringgalaya ||
20. Adipati Martalaya tuwin | sakancane samya jajar lênggah | gya dhawuhkên timbalane | Kangjêng Sultan Matarum | pêkênira kentara aglis | aywa ngambah Mataram | mring ing masjid watu | lan ja gawa cèthinira | mung garwamu gawanên salah sawiji | age sira mangkata ||
21. sigra mêdal Pangeran Dipati | Jagaraga tuwin garwanira | alantik-lantik tangise | jroning galih kaduwung | aningali wadya Matawis | kathah karasèng driya | laris tindakipun | samarga lara karuna | sampun prapta masjid watu ngriku nênggih | lami nèng masjid sela ||
--- 2: 111 ---
22. wusnya lami lajêng kinèn ngalih | pinarnahakên nèng pulo Brambang | sakidul kilèn masjide | lah ing ngriku Matarum | gantya wau ingkang ginusthi | anênggih kangjêng sultan | sineba mantri gung | sêk supênuh panangkilan | pra santana pra prawira pra prajurit | nararywa munggèng ngarsa ||
23. tandya katur lamun ingkang rayi | Jagaraga mangke sampun kesah | tanpa abdi mung garwane | tuwin boyongan katur | angandika sri narapati | sagunging wong Mataram | ya dipadha emut | atmaja santananingwang | wêwêlinge kangjêng rama kang wus swargi | sapa kang murwanana ||
24. iya aja manggiha basuki | akèh bae kinarya tuladan | kakang Dêmak pambalike | tuwin dhi Jaganagriku |[18] mêngko padha nêmu bilai | disami angèsthia | pusakaning ratu | pra santana nuwun turnya | cipta amba tan kadya kang sampun lari | jrih wêlinge kang swarga ||
25. kangjêng sultan ngandika trah gêndhis | lah ta uwis paman Răngga sira | muliha mring nagarane | mring Pranaraga iku | ngrêngganana saniskaraning | nuwun kang sinung sabda | ngêmak sirahipun | tur sêmbah lajêng lumakya | kangjêng sultan ngadhaton ing dalêm puri | bubar sagung sewaka ||
28. Asmaradana
1. gantya kang winuwus malih | kang mantuk mring Pranaraga | wus prapta gya narubkên wong | sagung wadya Jagaragan | kinarya wong kapêdhak | winuwus malih sang prabu | pan sampun pêputra gangsal ||
2. kang miyos putri satunggil | kang miyos [mi...]
--- 2: 112 ---
[...yos] kakung sakawan | pambajêng jalu namane | Jêng Pangeran Martapura | sang nata langkung sihnya | kinudang jumênêng ratu | nanging miyos sing ampeyan ||
3. kang dados sumêlang aji | darbe gêrahe wahdatnya | dene putranya sang katong | kang miyos sing pramèswara | nama Radyan Mas Rangsang | kinudang jumênêng ratu | nama Jêng Pangran Dipatya ||
4. Anom Amêngkunagari | bagus tur awicaksana | lir panrat tikswa ambêge | papaning mangsi dumadya | kira kinira-kira | kasujanannya pinunjul | lantip pasanging graita ||
5. kawistara ing pangliring | badhe ratu waliyullah | wus mingis parèjèngane | sang nata langkung sihira | rajaputra sru bêgtya | ing yayah kêlawan ibu | de putra narpa wanodya ||
6. inggih saking pramèswari | Ratu Wandhan namanira | ri malih saking garwane | nama Radyan Mas Pamênang | malih putra narendra | Dyan Mas Cakra namanipun | mijil saking ing ampeyan ||
7. jangkêp gangsal putra aji | winarna sang adipatya | Măndraka catur putrane | pambajêng Mandurarêja | Jurukithing panênggak | Wirapraba arinipun | wragil wanodya tuk Batang ||
8. inggih anama dipati | wontên putraning santana | Pangeran Singasarine | kang sadhèrèk Panêmbahan | Senapati Ngalaga | sira Pangran Singasantun | adarbe putra sajuga ||
9. anama Rahadèn Wijil | tinanêm ing Pranaraga | Arya Răngga ingkang momong | wontên malih putranira | Kangjêng
--- 2: 113 ---
Pangran Juminah | kang raka ingkang sinuhun | darbe putra priya juga ||
10. jinunjung wus sinung wangi | nama Dipati Balitar | samana sri narakatong | miyos siniwakèng wadya | pênuh punggawanira | nararya kang munggèng ngayun | tanapi para nayaka ||
11. ngandika sri narapati | eyang Dipati Măndraka | ing benjang sapungkur ingong | kang sun lilani gumantya | ngrênggani madêg nata | inggih wayah dika buyut | Ki Êmas Rangsang Dipatya ||
12. Anom Amêngkunêgari | puniku dika junjunga | wontên malih wêkas ingong | buyut dika ingkang tuwa | inggih pun Martapura | rèhning sun kudang duk timur | dadi ratu dèn kalakyan ||
13. sakêdhap dadosna aji | nanging sampun kalayatan | anuntên andika gantos | Ki Mas Rangsang dêgna nata | punika kang sayogya | jumênêng Sultan Matarum | kang eyang turnya sandika ||
14. kasêksèn Arya Dipati | nulya sang nata luwaran | datan antara lamine | sang nata cêngkramèng wana | ngrapyak kidang mênjangan | babêrêg trustha sang prabu | amboga drawina wadya ||
15. sukaning wadya kang pinrih | sawusnya dugi kang karsa | nulya akondur ngadhaton | sri narendra lajêng gêrah | tan arsa ingusadan | nimbali kang para sunu | myang Adipati Măndraka ||
16. prapta ing ngabyantara ji | sri narendra angandika | poma putraningsun kabèh | sira padha
--- 2: 114 ---
mituhua | marang ing arinira | Ki Rangsang jumênêng ratu | besuk jumnêng waliyollah ||
17. tan kêna sira wanèni | besuk iku kang sayogya | ngimpuni rat jagad kabèh | pra putra matur sandika | samya nuwun aturnya | malih ngandika sang prabu | sira kulup ki dipatya ||
18. sun pasrah madêga aji | măngsa bodhoa gèr sira | ingsun wus pracaya kabèh | sun titipakên mring sira | sakèhe kadangira | pangran dipati tur nuwun | sandika pangèstu nata ||
19. Ki Măndraka angamini | sarwi mèngêti kang wayah | para anggèr sadayane | dèn samya ngèstuti karsa | ngandikaning ramendra | sasat pituduh Hyang Agung | wajib dèn wuri-wuria ||
20. sampun pêpeka ing galih | angsala barkahing rama | pra wayah sandika ture | anulya samya luwaran | datan antara dina | mêtêg gêrahnya sang prabu | pra putra saos sadaya ||
21. myang Sang Măndraka Dipati | tuwin kang para santana | kang sêpuh miwah kang anèm | pangulu saos sang nata | tuwin para ngulama | narpa gêrahnya tan emut | umyang tangis ing jro pura ||
22. pra garwa myang para cèthi | Dipati Măndraka warah | gya kèndêl cinêgah kabèh | dyah kêkalih pramèswara | tan têbih lênggahira | wondene sang rajasunu | kangjêng pangeran dipatya ||
23. anèng daganing sudarmi | sang nata anulya mapat | malêm Jumuwah dinane | Sura tanggal tiga wêlas |
--- 2: 115 ---
nuju taun Jimawal | ăngka sèwu gangsal atus | suwidag[19] gangsal samana ||
24. kang layon gya dèn sucèni | sinarèkkên nunggil rama | sakilèn masjid ênggone | gantya risang adipatya | sewaka lan punggawa | rêmbag jumênêngkên ratu | marang Pangran Martapura ||
25. sampun jumênêng narpati | ngèstokkên wulang kang swarga | datan antara lamine | jumênêngira narendra | wus angsal pitung dina | jêng narpa nulya dèn lungsur | datan lênggana ing karsa ||
26. mupakat para dipati | rêmbag umadêgkên nata | Jêng Pangran Dipati Anom | Mêngkunagari Mataram | seba para nararya | sarta punggawa gung-agung | arsa miyos dina Soma ||
29. Mijil
1. ing kono kang sêdya madêg aji | Pangran Dipatyanom | gya busana dinulu citrane | lir Hyang Komajaya anêdhaki | rat Jawi tan kadwi | lir sang narpasunu ||
2. sura tan gora gadha ing galih | grah măndra sang katong | lèrèh gêtêr ta ing astakane | èbêg smu wiranung mulêt ing |[20] lêlungit misani | panjalmaning satru ||
3. sampun miyos pinarak sitinggil | ingayap pra sinom | ingkang eyang Măndraka keringe | ki pangulu kanan myang pra sarip | saking pusêr bumi | ngulama gung-agung ||
4. sumrêg nararya punggawa mantri | gunging wong tumpangso | pating glêbyar pacaraning rajèng | èbêg rum-rum ing yudanêgari | Măndraka Dipati | prentah ing
--- 2: 116 ---
wadya gung ||
5. anggèr kangjêng pangeran dipati | sun adêgkên katong | Sinuhun Sultan Agung têngrane | Senapati Ngalaga Sayidin | Panata Agami | Ingabdurrahmanu ||
6. jumnêng enjing Soma Sura sasi | wolulas pancorong | ing Jimawal ketang sêngkalane | tata winayang maruta bumi |[21] pangulu myang sarip | andonga karatun ||
7. pra santana kang sinung prasami | tur salam mring katong | atur bêkti pra santana anèm | pra punggawa samya mangênjali | mring nata tur bêkti | mangusapi lêbu ||
8. kang mêmanon nara angèbêki | sumuhut mring katong | angêratu prasamya ambêke | seba para rasika myang wrêsni | luwaran sang aji | gya kondur ngadhatun ||
9. winarna Sang Măndraka Dipati | yuswanira paos | amêningi ratu katri mangke | wus sêpuh gêrah laju ngêmasi | gya sinucèn nuli | sinarèkkên sampun ||
10. ing Mataram Masjid Agêng nunggil | lawan para katong | putra dwi Wirapraba kalihe | Mandurarêja ngêmasi aglis | ing astana mungging | Gambiran winuwus ||
11. amung kantun Kyai Jurukithing | nanging sampun repot | anèng Gambiran mardika bae | sinêpuh-sêpuh marang sang aji | nanging putra kalih | kaponakanipun ||
12. pan jinunjung kinarya bupati | dènira sang katong | juga lan Mandurarêja namane |[22] Arya Upasănta kang satunggil | kanggêp mring sang aji | sring tinari kewuh ||
13. ya ta sêdhênging miyos tinangkil | kangjêng [kang...]
--- 2: 117 ---
[...jêng] sang akatong | siniwèng punggawa wadyanyandhèr | supênuh upacara tulya sri | pinrak dhampar rukmi | lir yangyang piturum[23] ||
14. saking swarga pinarnah Matawis | ngandika sang katong | Arya Suratani ingsun tudoh |[24] mangetana anglurug don jurit | lawan pra bupati | saparo Matarum ||
15. sun kanthèkkên sira Suratani | dadi wakil ingong | pra dipati nuwun kanthèn age | aywa mamang pakon Suratani | mituhua sami | poma wêkas ingsun ||
16. tur sandika kang samya sinung ngling | luwaran sang katong | saningga kang tinuduh malugon |[25] èbêk sudira kasrayèng gusti | dhasar Suratani | samya ngunggut-unggut ||
17. tinêmbang têngara mangkat saking | praja gurnitèng ngrok | swandona sri tinon busanane | gêgaman lir ombaking jaladri | umyang wukir sari | ujwala ngênguwung ||
18. lah ing ngriku kangjêng sri bupati | nimbali ponang wong | Arya Jayasupănca têngrane | angandika kangjêng sri bupati | sira ingsun tuding | nusula anglurug ||
19. iya lamun tiwas Suratani | sira wakil ingong | gumantya dadya senapatine | dene bisa amunah kridhaning | satrunira luwih | abot agung-agung ||
20. Jayasupănca umatur inggih | pangèstu sang katong | sri narendra arum timbalane | sun amini slamêta ing jurit | Jasupănta bêkti | amit sigra nusul ||
21. kasusul Pajang baris gêng nuli | Supănta rumojong | laris dêdamêl agêng lampahe | prapta
--- 2: 118 ---
baris sakidul Kêdhiri | wong gung wetan myarsi | gya sanengga pupuh ||
22. wadya Mataram ingkang anglurugi |[26] Lumajang myang Rênon | Ki Alap-alap sagêbêngane | gya parentah Arya Suratani | nging Lumajang nagri | myang Rênon asuwung ||
23. wus jinarah saisi-isining | Lumajang lan Rênon | katur Arya Suratani kabèh | nulya ngangsêg dêdamêl Matawis | Pêmalang ginitik | kuthanya ginêmpur ||
24. tandya wong agung ing Surawèsthi | Sampang Mandura wor | nèng Surapringga tata barise | wus kumpul wong agung wetan sami | anèng Surawèsthi | sadêdamêlipun ||
25. tinêmbang têngara mangkat saking | nagri Surèngkewoh | dêdamêl lir samodra rob ambèr | lampahing swandana lir gi-anggi | kasrang erawati | lir prabata mlaku ||
26. praptèng wana pabaratan aglis | sarwi atêtunon | glagah binasmi agêng urube | kapyarsa saking baris Matawis | sigra campuh jurit | gorastra munya rug ||
27. limut kacika apunglu prêsi | kocaping cariyos | wadya Matawis kaloloh prange | anabrang lèpèn wong akèh mati | kinarubut bêdhil | tirta lawan marus ||
28. pra punggawa Matawis kèh mati | tuwin kang kataton | kêtampêk lir jawuh drês mimise | sirarya Suratani ngêmasi | kasilêm ing warih | dhandhang layon trênyuh ||
30. Dhandhanggula
1. ing lèpèn sarah gumbala mayit | wadya Mataram kalah prangira | tan olèh papan yêktine | lêpat ing papanipun |
--- 2: 119 ---
sira Arya Suratani nir | wêweka ambêg sura | kadaluduk purun | prang sapih suruping surya | enjingira ponang jisim Suratani | pan sampun sinucenan ||
2. dêdamêl Mataram tata malih | Jasupănta dadya senapatya | ngayomi wadyabala kèh | wignya amomong wadu | ngunggaring tyas samya mapulih | antya majêng campuh prang | gorastra jumêgur | adrês lir wrêsa kintaka | lir gadhêg gya kaci kalimut ing api | malêdug lêbu murla ||
3. kumrap wong agung wetan mangungkih | tatag tanggên wadya ing Mataram | sudira cakut pêrange | caruk watang amupuh | bang-ginêbang ungkih-ingungkih | gênjot angrok putêran | malêjah manglumpur | wong wetan akèh kabranan | dhadhal larut larutnya mirut anglèsi | wicitra lêbur lêsah ||
4. wadya Mataram sudira ngungsir | samya purun ambujung sadaya | myang bandhang tumbak bêdhile | kang surèng prang gya mundur | mantuk marang nagri Matawis | prapta wus cundhuk sultan | sasolahe katur | myang pêjahe wakil nata | Suratani lèn tingkah unggul ing jurit | kasoran mêngsah wetan ||
5. myang ngaturkên ingkang brana sami | katga katri katur mring jêng sultan | wus dinum kang nglurug kabèh | mung dêdamêl pinundhut | malih karsanira sang aji | wadya kang pêjah yuda | atmaja pinundhut | sami gumantyèng sudarma | nora owah kalênggahaning sudarmi |
--- 2: 120 ---
enggar wadya Mataram ||
6. suka ing tyas wadya agêng alit | dana milih ing sak bobotira | tan na silir panganggêpe | kasawur dana prabu | pan karatan karta mêmanis | nugrahan sih wilasa | paramarta prabu | wus rêrêp ingkang punggawa | kang Sinuhun Sultan Agung ing Matawis | arsa tindak andon prang ||
7. mring Wirasaba pan wus miranti | sagung wadya anêmbang têngara | prawara gurnita angrob | swara lir guntur kêtug | lampahing swandana pan kadi | angge-angge kumêlab | wadya anglir wrêdu | ăngga sasra kang upama | sela bêntar umijil ingkang blêkithi | dyaja lêngkawa teja ||
8. rênggèng gunastra marindik-rindik | kangjêng sultan anitih turăngga | cawuk amuyêk wulune | lan wêdalan ing Kêdhu | kyai jayatara kang nami | asongsong kartas jênar | lir lakuning daru | saèstu rakimimulkha | murtining rat Jawi tan angsal kêkalih | rumiyin praptèng benjang ||
9. èstu panjang pocapaning tulis | tan kandhêg tindakira jêng sultan | lah ing ngriku gênti criyos | wong agung wetan sampun | myarsèng wartos Sultan Matawis | nglurug mring Wirasaba | bala gung supênuh | pyaywagung ing Surapringga | arsa tulung anging sandeya ing galih | dursănta myang ing Tuban ||
10. dadya kèndêl tan arsa byantoni | ya ta kangjêng sultan ing Mataram | rawuh masanggrahan age | raja dadi ran dhusun | loring Wirasaba [Wi...]
--- 2: 122 ---
[...rasaba] sadasih | tata miranti aglar | wau ta ing ngriku | pangeran ing Wirasaba | gya apasang rakit salêbêting biting | gurnat myang kolantaka ||
11. wadya rasika wrêsni Matawis | mangsah ing prang anglir saradula | duk praptèng pabitingane | binendrong saking luhur | gutuk api punglu lir grimis | rêging swara kang granat | jumêbrèt lir gludhug | wirèng Mataram kèh tiwas | katampêk ing mimis bendrong gutuk api | pindha kinarya lesan ||
12. akèh lena wangke sungsun tindhih | anggêlasah paprangan mili rah | malembak-lembak jisime | lumut dyaja lêlayu | parang kuda dipăngga biring | sapih suruping surya | wadya gung Matarum | wawêlak gêng gring samana | limut ing tyas Jêng Sultan Agung Matawis | nênuwun mring Hyang Suksma ||
13. gya katrima sakala glis mari | kang pagêring wadya samya saras | sri narendra gupitane | anyarah ingkang wadu | ing pratingkahirèng prajurit | paran karêpmu padha | apa bêcik ingsun | mulih mring nagri Mataram | lamun sira nora bisa amungkasi | mring mungsuhira aprang ||
14. bêcik dipadha têmu nak rabi | ingsun sira inggala kewala | kari papa wus bêjane | upamine wak ingsun | lir ron tiba katyup ing angin | buh tibaning salira | gung wadya kang krungu | pangandikaning jêng sultan | samya tangi suraning wadya Matawis |
--- 2: 123 ---
jaja brit lir cinêcang[27] ||
15. samya matur adhuh sri bupati | tan makatên kang dasih sadaya | sêdya mangsuli sih katong | ingantêp mêksih purun | abdi sagung ngrangsang abiting | Martalaya nalika | kumpul tyase rêmbug | ciptarsa mindha kawula | kang ingangkah dadya sêpiyun jro biting | Ki Martalaya sigra ||
16. mor pakathik Wirasaba latri | dangu dènira ambawa rasa | trap bêdhah baluwartine | wong Wirasaba muwus | wong Mataram bodho sayêkti | prandene pêksa lanang | yun mungsuh gustiku | yèn sêmono bobotira | wong Mataram tak kira tan bisa manjing | mring kitha Wirasaba ||
17. Martalaya awêcana aris | mila bodho pra mantri Mataram | sêdyarsa mungsuh maringong | ingangkah jroning kalbu | anêlukkên sagunging nagri | mêngkono bae datan | wignyaa lumêbu | malah wadyane kèh lena | janma Wirasaba anambungi angling | cobak ngong dadi mêngsah ||
18. bêdhah bètèng samene tan wigih | wong Mataram yêkti kurang akal | karyaa ăndha kang akèh | yèn wus mluk bitingipun | rakit ăndha mènèk blowarti | sadhela bae bêdhah | mangkono wong punjul | wignyane dèn wêtokêna | Martalaya glis mulih wus antuk kardi | lèngsèr praptèng pondhokan ||
19. prentah wadya mèt galugu sami | gya tinatar rosane dèn kathah | prantining ăndha wus dados | mangsah [mang...]
--- 2: 124 ---
[...sah] mantri Matarum | rakit ăndha ing kanan kering | nirbaya nirwikara | liwran têpung sungut | têpung sagunging gêgaman | ebat mulat wong Wirasaba ningali | ngraos lamun kinggahan ||
20. dadya samya lumayu anggêndring | prapta lajêng bêbitingan minggah | palataran blowartine | pra Wirasaba kisruh | patih kèri lumayu cincing | kacandhak pinêjahan | Răngga Prêmana wus | mati murdane tinigas | de Pangran Wirasaba ing kono kapipit |[28] kacêpêng glis binasta ||
21. kori kitha winadung brastha ting | wadya Mataram samya ngrêrayah | gut-gutên wringut pamuke | wisma binasmi sampun | Martalaya nêpak mring dasih | mundur maswèng jêng sultan | ingaturkên sampun | Jêng Pangeran Wirasaba | murdèng patih rajabrana konjuk aji | trustha sultan ngandika ||
22. Martalaya jisime si patih | Răngga Prêmana kuburên ana | sakulon kutha pêrnahe | lan dèlèhana pemut | kitir layang besuk mênawi | turune angupaya | ambêciki kubur | de Pangeran Wirasaba | tinandhua sun gawa marang Matawis | gya budhal sri narendra ||
23. saha bala prapta ing Matawis | enggaring tyas wadya ing Mataram | mêntas unggul prang rêrêmpon | ngriku ta kang winuwus | sira adipati ing Tubin | wus mantuk saking Japan | nênggih patihipun | awasta Ki Jayasănta [Jaya...]
--- 2: 125 ---
[...sănta] | kinèn samya saningga umarsèng jurit | yun gitik Wirasêkar ||
24. sigra budhal saastraning jurit | winarna Dipati Wirasêkar | rinaos tan ăngga bobot | dipati anglès dalu | saking kutha angungsi Pathi | wong Tuban angrêrusak | kèh desa kinêlun | nglurug dhatêng ing Santênan | Adipati ing Pathi mêmpên kang baris | nèng jroning pabitingan ||
25. tansah yun-ayunan sampun lami | kapyarsa saking nagri ing Mataram |[29] Tumênggung Lap-alap age | tinuduh ing sang prabu | abantu mring nagri Pathi |[30] budhal sawadyabala | Patih Tuban sampun | mirêng yyan bantu Mataram | têka saha bala sumêkta ing jurit | gya mundur wadya Tuban ||
26. Alap-alap langkung cuwèng galih | dene tan pinrêpak yudanira | samana sampun kapanggoh | lan adipatinipun | asêsugun Dipati Pathi | wusnya antara dina | nulya budhal mantuk | Lap-alap praptèng Mataram | cundhuk nata katur sasolah tinuding | bêktine wong Santênan ||
27. sigra sang nata nimbali dasih | kajinêman wasta Randhuwatang | prapta ngandika sang katong | hèh ta Randhu sirèku | apa tuhu trêsna mring mami | Randhuwatang tur sêmbah | dhuh gusti sang prabu | langkung agêng trêsna amba | mring jêng sultan kawula tulusa dasih | tan mulat gusti liyan ||
28. lon ngandika Jêng Sultan Matawis | Randhuwatang sira ingsun duta | dhustha mring Tuban [Tuba...]
--- 2: 126 ---
[...n] dèn age | boyong sak nak-rabimu | dipun kadi janma angungsi | isthane kalah pêrang | ngeyup titip umur | yèn wus kandêl pangwulanta | dèn prayitna sapakartinirèng ajurit |[31] besuk yèn rêmbug ing prang ||
29. iguhêna kridhaning ajurit | poma Randhuwatang dèn prayitna | ywa kawistara lakune | dèn bisa mara sadu | sumusup ing satru linuwih | pasang karti sampeka | purna dhawuh prabu | Randhuwatang wus ginanjar | satus reyal mundur wus mangkat gya prapti | Tuban duta nonoman ||
31. Sinom
1. apan sampun katarima | Randhuwatang dènnya ngabdi | kapracaya sang dipatya | kinarya andêling wèsthi | nêngna gênti winarni | ing Surapringga winuwus | ri sêdhêngnya gupita | lan sagung măncanagari | lan pasisir kang anèng salèr bêngawan ||
2. kumpul anèng Surapringga | wong agung kidul banawi | kadhawuhan janji ngrêmpak | Mataram mupakat sami | sabiyantu ing pikir | ubaya umarsèng ripu | nêmbang têngara mangkat | dêdamêl agêng nglangkungi | lir sagara rob ing Giripura prapta ||
3. sowan mring Sinuwun Ngarga | prasamya anuwun idi | derarsa ngrêmpak Mataram | ingampah mêksa tan kêni | kapêksa wiku Giri | angidèni nging panglulu | gya ngujung mring astana | Sinuwun Giri kang swargi | wus mangkana budhal baris ing bang wetan ||
4. kapungkur ing Giripura | sumrêk lampahe
--- 2: 127 ---
kang baris | praptèng ngara pabaratan | lêrêp tata ingkang baris | pênuh jêjêl mapipit | atata pondhokanipun | wong agung kidul prapta | wus ngumpul saeka kapti | saya agêng kang dêdamêl ing bang wetan ||
5. wong agung samya gupita | ngling Pangeran Surawèsthi | hèh ta bocah malang marga | ngêndi dalan ingkang bêcik | amot baris gung nuli | anjog nagari Matarum | matur pra kajinêman | gusti tan wontên prayogi | liya saking Madiun papane wiyar ||
6. lan mirah sakèh tatêdhan | papan wiyar cêlak warih | pangraos kawula kawrat | rêrêpa sawulan kadi | tan kirang kang binukti | wadya paduka pan agung | yèn tan mrih papan wiyar | manawi kuciwèng kardi | nuntên anjog ing Jagaraga awêwah ||
7. samana Ki Randhuwatang | anèng wurining dipati | Tuban mirêng tur mangkana | kumêsar garjitèng ati | yèn kêlakona ugi | wong agung mêtu Madiun | yêkti sor gustiningwang | Mataram kuciwèng bumi | dadya matur bisik-bisik mring gustinya ||
8. Sang Adipati ing Tuban | anolèh andangu ririh | Randhuwatang aturira | kawula botên suwawi | mêdal Madiun nagri | akathah pakèwêdipun | Dipati Tuban nulya | matur ing Sang Surawèsthi | tan suwawi kadya turing kajinêman ||
9. gya dinangu Randhuwatang | mring Pangeran Surawèsthi | aturipun [a...]
--- 2: 128 ---
[...turipun] Randhuwatang | èwêt ing Madiun nagri | măngka jog Jagaragi | sasat nagari Matarum | lan pamirêng kula |[32] nagari kalih wus kait | lan Matawis mindhak kathah sambekala ||
10. tan wande riniwuk marga | tan kongsi dhatêng Matawis | katungkul prang anèng marga | dados ngêkathahi kardi | owêl sayahing dasih | wadya paduka pan agung | tur maksih kuwat sura | nuntên pondhehan nèng margi | tilar wadya ing satêmah manggih nistha ||
11. pan măngsa kiranga marga | kang anjog nagri Matawis | pangran ngling ngêndi kang marga | Randhu matur kang prayogi | Nglasêm anjog ing Pathi | kapering Dêmak marga gung | mirah têdha lan wiyar | tan wontên dados kuwatir | kapracaya Randhuwatang aturira ||
12. tandya para kajinêman | cinêpêng wau kêkalih | winastan karya loropan | pan lajêng dipun pêjahi | jinêman Surawèsthi | sampun karsaning Hyang Agung | wong têmên antuk patya | kang dora manggih basuki | liriping tyas akarya sêmanging driya ||
13. dene wong agung Dursănta | andhahar ture wong Tubin | dadya gêla kang waskitha | patine jinêman kalih | măngka tandhaning budi | yèn wong agung salah dudu | ngrusak padhaning rowang | amimba Sultan Matawis | wicaksana amumpuni ing aguna ||
14. tinêmbang têngara mangkat | gurnita têngarèng jurit | bala lir samodra bêna |
--- 2: 129 ---
ambêlabar tanpa têpi | têngran awarni-warni | ujwala teja kêkuwung | nging anjrah kinêmasan | ngarang ujwalaning rawi | lêlumbungan lir wukir sêkar lumampah ||
15. untaping swandana kadya | ge-angge marga ngèbêgi | gantya ingkang ginupita | Jêng Sultan Agung Matawis | Martalaya siniwi | Jasupănta sisihipun | panumping lan bumija | anulya miyos tinangkil | sri narendra siniwèng para punggawa ||
16. ginarbêg para badhaya | ngandika sri narapati | Martalaya sun miyarsa | wong wetan nglurug mring Pathi | Martalaya tur inggih | myarsa saking wartosipun | pun Adipati Pajang | akait kalawan Tubin | pan tinumplak wong agung wetan balanya ||
17. ingkang dados pagunungan | pangeran ing Surawèsthi | badhe nglurug mring Mataram | mêngsah agêng anglangkungi | angandika sang aji | kadyaparan kadang ingsun | uwa myang paman-paman | nararya bupati mantri | kayaparan yèn uga mungsuh praptaa ||
18. apa linawan ing yuda | apa sira tinggal lari | ingsun mung anut ing sira | lir sarah munggèng jaladri | kombak kombul katarik | sira kang minăngka alun | yèn padha tanggon ing prang | lêbur luluh sun labuhi | yèn nir suranira sun pamit ngumbara ||
19. dadi janma sudra papa | wus bêjane sun lakoni | dhuh uwa myang paman-paman | wusdene si kakang yayi | narywa myang pra dipati | apuranira kang agung | saking kèh kaluputan | ingsun ingkang [ing...]
--- 2: 130 ---
[...kang] dhimin-dhimin | jinurungna alang ujuring sarira ||
20. dèn rusak ing satru guna | pirabara nêmu urip | yèn tan ana wlas andika | uwa paman kadipundi | kang sinare Matawis | ingajag-ajag ing satru | ngur kula amurcoa | paran polah lamun jurit | lir sinêndhal tyase kang para santana ||
21. prituwin para bupatya | pyuhing tyas kang waspa mijil | Pangran Purbaya awaspa | madêg kasuraning galih | myang ri Pangran Dipati | Pringgalaya angêmu luh | myang kang para sêntana | kathah waspanira mijil | nênggak waspa angajap-ajap ing yuda ||
22. sira Radyan Martalaya | anggêmbor dènira nangis | nglêngkara andika nata | ingkang sinuhun kang abdi | tan pisan jrih ing pati | Jasupănta sênggruk-sênggruk | matur Pangran Purbaya | kalawan kang para ari | luhung nuntên pinapaga ing ayuda ||
23. manawi asêlak prapta | mêngsah gêng mancik Matawis | awrat sinanggi ing yuda | kasompok tan sagêd milir | ngandika sri bupati | lêrês uwa aturipun | Martalaya undhanga | tumuli siyagèng jurit | ingsun dhewe arsa ngawaki ing yuda ||
24. hèh ta sira Alap-alap | sira dhingini mring Pathi | warahên yayi Pragola | aywa obah anèng Pathi | yèn mungsuh anêkani | lumayua marang ingsun | duta Lap-alap mentar | luwaran sri narapati | manjing pura pinarak anèng
--- 2: 131 ---
pandhapa ||
25. nimbali para santana | prituwin para bupati | wus dhahar sri naranata | samana rasika wrêsni | kadya kawratan bukti | wusnya ngandika sang prabu | lah uwa Purubaya | lawan paman-paman sami | kula paringi sangu tumbasan toya ||
26. Martalaya Jasupănta | sun paring patumbas warih | êdumên ingkang warata | gêdhe cilik ja na kari | yatra kadhaton mintir | sumêbar ing wadya agung | lèn busana warastra | pêpatih kang têngga nagri | sigra ngrasuk pasikêpaning ayuda ||
27. tinêmbang têngara mangkat | gurnita prawirèng jurit | dêdamêl awarna-warna | lir pendah udyana sari | nitih swandana nuli | asongsong gilap lir taru | rêrêp sakilèn Pajang | siniwi punggawa mantri | narpa nabda Martalaya babadana ||
28. marga rungsit lowah-lowah | mêndhak mandhukul asungil | kang pantês kinarya marga | ratanên ingkang abêcik | dêrapon mungsuh nuli | lulusa praptèng ngarsèngsun | galak kang parangmuka | amănca lena ing wèsthi | kancanira măncapat olèha paran ||
29. saanane wong Mataram | padha ta saosa linggis | kudhi pacul pecok dhandhan | awrata marga kang bambing | wadung pêthèl ja kari | yèn ana marga kang siluk | kali-kali kalingan | jurang-jurang trêbis-trêbis | glis ratanên gampanga marga girisa ||
32. Girisa
1. Martalaya tur sandika | tandya aprentah mring bala | cakut wong Mataram samya [sa...]
--- 2: 132 ---
[...mya] | kang ngarsa ngradin supana | sangkêp pacuk pècèk dhandhan | ngradin marga ingkang lowah | wrêksa rug rêbah gêlasah | kinarya trucuk bambingan ||
2. kinumpulkên sêselanya | ingusung wadya Mataram | ingkang samya ngrata dalan | berag samya sasêndhonan | kêpala Dyan Martalaya | tinarik tangsul kang marga | glising carita wus dadya | apadhang kang marga rata ||
3. asuka mirsa jêng sultan | sigra anggêganjar wadya | wijah-wijah kang kuswala | kapranan ing parikrama | kramaning sultan pandhita | ngandika hèh Martalaya | dene ta si paman Pajang | salawas sun nèng barisan ||
4. tan ana katon aseba | Martalaya matur nêmbah | pun paman Pajang Dipatya | baris anèng Babêlukan | lah ta enggal timbalana | yèn tan purun rinampas prang | jêng sultan aris ngandika | iya bênêr aturira ||
5. jêng sultan anuduh wadya | Wirapati Saradipa | nimbali Pajang Dipatya | kang aris dikongsi kêna | nanging aja dadi yuda | dèn bisa manisi krama | sandika kang sinung sabda | gya mangkat Babêluk prapta ||
6. lan sang dipati wus panggya | angling cundaka narendra | anggèr andika ngandikan | ing Gusti Sultan Mataram | jêng sultan onêng kalintang | lan arsa agunêm rêmbag | prakawis agênging mêngsah | Dipati Pajang kadriya ||
7. kadêngangan ing solahnya | kawuwung ajrih dumadya | wus kerit sowan sang nata | praptèng ngarsa sinambrama | paprênahe [paprênah...]
--- 2: 133 ---
[...e] barisannya | sinupit ing wadya kathah | dadya ilang mêlanging tyas | kakênan ing parikrama ||
8. lah ing ngriku kangjêng sultan | parentah ngangsêg barisnya | budhal rêrêp ing Siwalan | gantya ingkang ginupita | wong agung wetan barisnya | prapta salèring Siwalan | kèndêl pasang pabitingan | anata mariyêmira ||
9. nata baris sap-êsapan | dhadha Pangran Surabaya | lan wadya Sampang Madura | ing kering Dipati Tuban | ing kanan Dipati Japan | sagêbêngan pra dipatya | baris gêng tan kêna ngetang | pae kang baris bitingan ||
10. pinrih kang mungsuh galaka | dadya mangke yun-ayunan | parèng doh lan wong Mataram | kawarnaa Kangjêng Sultan | Agung kang lagya sineba | ing wadya punggawanira | ngandika mring Martalaya | de mungsuh tan mêtu yuda ||
11. mêmpên nèng jro pabitingan | lah kapriye dayanira | mamrih wusananing lakya | Dyan Martalaya tur sêmbah | yèn marêngi karsa sultan | kawula lagar kewala | sumambung Pangran Purbaya | tan rêmbug lamun manira ||
12. lamun angrangsang bitingan | mêngsah dalêm langkung awrat | tur ing jro wus cinawisan | pae lawan Wirasaba | mungsuh cilik enggal sirna | iki sun watara awrat | awit rusak wong Mataram | yèn rusak sultan kelangan ||
13. kangjêng sultan angandika | lah ta kadipundi uwa | kang supados mrih prayoga | kula anjurungi karsa | matur Pangran Purubaya | yèn sarju karsa [kar...]
--- 2: 134 ---
[...sa] jêng sultan | kula nês-ênês kewala | pinêjahan marginira ||
14. unggyan angupaya têdha | myang amèt rumputing kuda | sabên ari wadya sultan | angidêrana bitingan | têkèng doh dêrapon mêngsah | galak mêdal sing bitingan | yèn tan yun mêdali aprang | dadya ngênêsa kewala ||
15. têmah ènthèng tinarajang | sultan ngling prayogi uwa | ya ta sigra linêkasan | Martalaya undhang wadya | angubêngi pabitingan | budhal wadya ing Mataram | samakta sadêdamêlnya | prasamya munggèng turăngga ||
16. sabên ari dina Soma | yèn ana wong wetan mêdal | arêramban gya rinampas | kèh antukira papêjah | prituwin kang bêbandhangan | lami-lami wong bang wetan | sansaya kêkês kang manah | labêt kakirangan pangan ||
17. wus kathah kang samya minggat | ing sabên dalu tan pêgat | ingkang kantun langkung susah | limut wimbuh pagring rumab | dene wong agung Dursănta | ing rêmbag Dipati Tuban | anylayani kêdah mêdal | yun magut prang nging dèn ampah ||
18. lawan sagung pra dipatya | nging mêksa kêdah magut prang | sing rêmbage Randhuwatang | wadya Mataram duk mulat | nulya angrutug sanjata | pan kadya kinarya lesan | wong Tuban akathah pêjah | bubar kang kantun pralaya ||
19. wus datan măngga puliha | Dipati Tuban kesisan | wangwang mulat sang dipatya | aglis angingêr turăngga | linut wadya ing Mataram | lumayu kadhungsang-dhungsang | ayun ngungsi ing bitingan [bi...]
--- 2: 135 ---
[...tingan] | tan antuk malah pinatar ||
20. sarta ginaguyu kathah | solahe Dipati Tuban | tan sêmbada plênthunging tyas | wusana lir manco gêtas | pinijêt bae glis bobrak | payo kănca binêdhilan | ja awèh malbèng bitingan | gya mundur Dipati Tuban ||
1 | bangsal. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: wuse Dipati Martalaya di. (kembali) |
3 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: putra sadaya jrih. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: amêngku rat nênggih ing Matawis. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: hèh wong ing Matawis. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: ngambah jladri lir ratan pindhane. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: wusdene lamun tindak ing latri. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: Măndraka asru pangandikane. (kembali) |
10 | Biasanya guru lagu e: mêngke. (kembali) |
11 | Dipati. (kembali) |
12 | kongkon. (kembali) |
13 | Arya. (kembali) |
14 | Kurang dua gatra: ke-3 (8e,o) dan ke-4 (8a). (kembali) |
15 | Tanggal: rasa pêksa tata jalma (S 1526). Tahun Masehi: 1604–5. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: ênêm Andakawana. (kembali) |
17 | Răngga. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: tuwin Jaganagriku. (kembali) |
19 | suwidak. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: èbêg èsmu wiranung mulêt ing. (kembali) |
21 | Tanggal: Soma (Sênèn) wolulas (18) Sura Jimawal tata winayang maruta bumi (AJ 1565). Tanggal Masehi: Rabu 8 April 1643. Pada bulan Sura tahun AJ 1565, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 2 (Sênèn Lêgi), 9 (Sênèn Pon), 16 (Sênèn Kliwon), 23 (Sênèn Paing), dan 30 (Sênèn Wage), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 2, 9, 16, 23, atau 30 Sura AJ 1565 (23, 30 Maret, 6, 13, atau 20 April 1643). (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: juga Mandurarêja namane. (kembali) |
23 | piturun. (kembali) |
24 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
25 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: wadya Mataram ingkang nglurugi. (kembali) |
27 | cinêncang. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: Pangran Wirasaba ing kono kapipit. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: kapyarsa saking nagri Mataram. (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: abantu mring nagari Pathi. (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata: dèn prayitna sapakartinirèng jurit. (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: lan pamirêng kawula. (kembali) |