Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 37-40)

Judul
Sambungan
1. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 01-08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 09-16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 17-22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 23-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 30-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 37-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 41-44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 45-46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

37. Mijil

1. gya winaos bêbukaning tulis | atur sêmbah ingong | ari nata prabu Ngalagane | kaatura marang sri bupati | ingkang angratoni | pan arja winangun ||

2. ulun ngaturakên pati urip | sri mapunggung katong | saking sangêt supe kula mangke | tan adarbe panêmbahan malih | gêntining rama ji | inggih kadang sêpuh ||

3. mangke punapa rèh paduka ji | sumăngga wak ingong | nadyan kurêbana ngabahane | tan suwala ing karsa narpati | gyaning pati urip | inggih kakang prabu ||

4. kadya jinait tyasing narpati | myarsa turing anom |

--- 2: 42 ---

sri narendra alon andikane | undhangêna sagung wadya mami | sun mapag si adhi | Soma budhalipun ||

5. duta sampun winangsulan tulis | Ki Kalêng wotsinom | lèngsèr saking ngarsaning sang rajèng | lampahira tan kawarnèng margi | ing Kuwêl wus prapti | gya tumamèng ngayun ||

6. atur sêmbah angaturkên tulis | marang sang raja nom | wus tinampan binuka nglamate | pèngêt iki bêbukaning tulis | katura ri mami | salam donganingsun ||

7. sira adhi angaturi tulis | wus katur maringong | sun tupiksa sapatêmbungane | ingsun tarima maring ing yayi | dene ingsun yayi | Soma ingsun mêthuk ||

8. Natèng Nglaga duk mirsa unining | kintèki sang katong | sakalangkung trustha ing driyane | Ki Urawan sigra dèn timbali | sinungan nupèksi | surate sang prabu ||

9. wadya Ngêlagan wus dèn undhangi | waos kinèn bongkok | datan wontên malanga karsane | tan cinatur laminirèng margi | wuwusên sang aji | kang karsa amêthuk ||

10. wus siyaga sagung pra dipati | gumrah swaraning wong | pra punggawa samya nangkil kabèh | para mantri anindhihi baris | barising Kumpêni | andhêndhêng lir mêndhung ||

11. ya ta budhal saking păncaniti | wau sang akatong | ambêlabar kang wadyabalane | warna-warna gêgaman ngajrihi | wus prapta ing Piji | kang wadya gêng laju ||

12. prapta Sanggung kang para dipati | gumêrah ponang wong | dènnya abaris salèring lèpèn | sri narendra ngantosi kang rayi | wuwusên narpati | Natèng Ngalagèku [Ngalagè...]

--- 2: 43 ---

[...ku] ||

13. budhal saking Kuwêl sri bupati | kang wadya agolong | waos bongkokan anèng ngarsane | pratandhane yèn sampun bêdhami | Urawan tan kari | kang măngka pangimur ||

14. tansah nèng wurinira sang pêkik | Rawan tan kênadoh | kawarnaa wau ing lampahe | pangarsanira sagung wus prapti | Kodhokngorèk muni | kulon wetan umyung ||

15. prapta Sanggung pra wadyanira ri | warnanên sang katong | Prabu Amangkurat têdhak age | saking turăngga mêthuk kang rayi | sira sang nata ri | anom rangu-rangu ||

16. dene kang raka cara Walandi | Natèng Nglaga miro | pan sakala asalah ciptane | wadyanira kinêjepan sami | wus kinèn natasi | bêbongkokanipun ||

17. samya ngagêm sagêgamannèki | gègèr lor gumuroh | wadyabala kumêpyur manahe | Ki Urawan asru dènnya nangis | dhuh gusti sang pêkik | sampun ta kadyèku ||

18. sri narendra angandika aris | hèh Urawan mangko | dudu kangmas ika sayêktine | anake Walănda iku ugi | Urawan turnya ris | inggih raka prabu ||

19. Ki Urawan sigra matur aris | suwawi sang anom | dawêg nabrang ing lèpèn nah anggèr | sri narendra sigra mundur aris | Urawan lumaris | nabrang kali sampun ||

20. sampun prapta ing ngarsa narpati | sarya awotsinom | atur sêmbah kalawan tangise | adhuh gusti paduka asalin | anganggea nyamping | sang prabu mituhu ||

21. wus asalin sri bupati aglis | busana kinaot [kina...]

--- 2: 44 ---

[...ot] | Ki Urawan sigra wangsul age | wus anabrang ing lèpèn sira glis | Urawan turnya ris | suwawi pukulun ||

22. pan punika rakanta sayêkti | abusana kaot | sampun gusti asalah tampine | dene sagung kang wadya Kumpêni | samya ngiring-iring | ing rakanta prabu ||

23. Natèng Nglaga anèng kidul kali | kang raka nèng êlor | kawistara sasolah-bawane | datan samar yèn kang raka prapti | dyan nabrang tumuli | Urawan kang nuntun ||

24. umêntas ing Sungi sang prabwaring | kang raka sang katong | ingkang rayi pinêngkul janggane | saha waspanira adrês mijil | manêmbah sang ari | mangusapi lêbu ||

25. pra dipatya samya sukèng ati | andulu karoron | sri narendra alon timbalane | mring sagunging kang para dipati | ngabêktia sami | marang ariningsun ||

26. ya ta sagung kang para dipati | kang ujung kêmroyok | sasampuning wangsul ing ênggone | anulya ingkang para upêsir | nung-anung Kumpêni | tabean sadarum ||

27. sinêngkalan sebaning narpati | maring raka katong | toya muluk obah sêsangkane |[1] ya ta samana budhal sang aji | gumêrah samargi | tan kawarnèng ênu ||

28. samapun rawuh sajroning nagari |[2] sang nata ngêdhaton | ingkang rayi wus sinung prênahe | padalêman wus katêmu dadi | sinungan lêlinggih | sabin kalih èwu ||

29. sabên enjing kinèn maring puri | maksih onêng katong | ya ta wau sang narpa kalihe | lagya onêng anèng panti-panti | sira narpa ari | alon [alo...]

--- 2: 45 ---

[...n] aturipun ||

30. amba punika kangmas rumiyin | sampun madêg katong | asêsilih Sunan Ngalagane | mangke lamun maksiha kang nami | saru praja aji | langkung nyaru wuwus ||

31. sang narpa raka suka nglingnya ris | adhuh ariningong | iya bênêr yayi ing wuwuse | sira muliha ngaran kang lami | Pangran Adipati | Kapugêran iku ||

32. ingkang rayi nuwun awotsari | tan lêngganèng katong | ya ta gantya kocap caritane | sagung para bupati pasisir | sakilèn Samawis | wus kinèn angurug ||

33. mring Salinga sagung pra dipati | atêngara bodhol | Adipati Têgal têtindhihe | lan Tumênggung Mangkuyuda nênggih | lan Natayuda ri | Surănggakarèku ||

34. timbalan dalêm yèn mênang jurit | yèn Si Namrud kawon | anak putune tumpêsên kabèh | ingkang mêtu lanang ywa na kari | kang para pawèstri | dèn boyonga iku ||

35. winatara wadya kang lumaris | nêmèwu gungnya wong | kang amatah tumbak bêdhil bae | pan kajawi pêpikul pakathik | tan kawarnèng margi | lampahira rawuh ||

36. ing Gumêlêm gènnya tata baris | gênti winiraos | Raja Namrud miyarsa wartine | lamun bala Kartasura prapti | angrabasèng jurit | angrurah ing Namrud ||

37. asiyaga Namrud sawadyèki | anêdya rêrêmpon | wong pasisir wus magut yudane | pra dipati angawaki sami | panganjuring jurit | lir dhandhang anêmpuh ||

38. Dhandhanggula

1. gya têngara sagung pra dipati | pan sumahab magut ing ranangga | wong

--- 2: 46 ---

Salinga akêkojor | Raja Namrud angumpul | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasamya mapag ing prang | rame dènnya campuh | mêtokakên pangabaran | Raja Namrud pangabarane tan dadi | sampun karsaning Suksma ||

2. dadya wongira akèh kang mati | têtumpêsan Namrud balanira | nora na tadhah mimise | wus dhadhal barisipun | pra dipati prasamya ngungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | pan kacandhak samana dèn baronjongi | sagunging pra dipatya ||

3. wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | sagung pratiwa rêmbug | budhal saking Salinga baris | angiringkên boyongan | tan kawarnèng ênu | praptèng nagri Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | linawe kamandhungan ||

4. data tita lingira ing nguni | Kartasura samana wus arja | tan wontên kara-karane | Kumpêni arsa mantuk | apan sampun sinung nagari | Carêbon lan Pasundhan | tinampanan sampun | lawan Susunan Mangkurat | anyaguhi nêmpuhi rêganing mimis | obat dèn anggo pêrang ||

5. lawan balanjane duk ajurit | kang sinuhun sanggup ngulihêna | sarta Walănda rêgine | sakèhe mati pupuh | jêng susunan sanggup maringi | Amral pan wus pamitan | marang sang aprabu | ingkang jagani susunan | pan Walănda rongatus badhe jagèni | atugur Kartasura ||

6. kang tinilar kapitan sagunggil |[3] litnanipun gih amung satunggal [satungga...]

--- 2: 47 ---

[...l] | pan satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe bala Kumpêni | saking ing Kartasura | Samarang jinujug | pan sarwi ngulari papan | ing Samarang pan arsa dipun lojèni | sarta idi sang nata ||

7. tan winarna kang mancal jêladri | ingkang mulih maring Batawiah | sira Amral Hèlduwèl Brèh | gênti ingkang winuwus | ingkang bêbak kalih nagari | apan sadina-dina | swarane gumuruh | wadyabala Kartasura | pan sadina-dina gènnya nambut kardi | wisma myang pura nata ||

8. ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatiring praja | dene wadya ing Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | apan wontên Pangran Dipati | ing Pugêr kang masesa | andadèkkên rêmbug | satêmah rêmbug mangkana | yèn maksih ya gusti tinunggal pra mantri | manawa nèk manawa ||

9. kêna bineka ing para mantri | dadya atur rêmbaging wadana | sang prabu pangandikane | abênêr pikir iku | marmanipun adhimas dhingin | lawas tan arsa seba | marang jênêng ingsun | iya pambangusing bala | sri narendra kang rayi wus dèn timbali | Dipatya Pugêr prapta ||

10. sri narendra angandika aris | hèh yayi mas dèn kaparèng ngarsa | marma sun undang dhèwèke | manira pan ayun wruh | ing wongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | ingsun arsa wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sadaya wadyane wus dèn timbali | tumamèng ngarsa nata ||

11. kawan dasa cacahe pra mantri | samya taruna tur surèng rana | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apa iku

--- 2: 48 ---

wongira sami | sun dulu pelag-pelag | ing suwarnanipun | pantêse padha prawira | Pangran Pugêr umatur saha wotsari | inggih têtiyang lama ||

12. yèn ta ajaa wongira lami | pasthi adhi sun pundhut sadaya | arsa sun kunjara kabèh | iku ingkang atuduh | lah puniku wongira lami | pasthine sun ngapura | yèn sira kang nanggung | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga ing karsa paduka aji | kawula tan suwala ||

13. sri narendra angandika aris | ing Bagêlèn adhi ingsun pêcah | sun ikal sun lawe-lawe | sagung punggawanipun | kabèh padha duwea adhi | iya sawidak sewang | kang rayi wotsantun | sakalangkung anarima | pan sinigêg wau ta sri narapati | sampunnya ing antara ||

14. nênggih wontên kang winuwus malih | Kapitan Êmur ing Batawiah | adarbe têtukon lare | pan lagya pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik ing warnanira | Kapitan Mur iku | salaminipun atumbas | rare iku Ki Kapitan Êmur prapti | dagang myang lungguhira ||

15. minggah mayor nulya komisaris | tan alami minggah dêlèr rolas | padagange kèh bathine | dadya sugih kalangkung | angluwihi sasami-sami | Dêlèr Êmur samana | rumaosing kalbu | yèn lare kang bêkta bêgja | wus ingambil anak sinungan kêkasih | Si Ontung namanira ||

16. lan ingugung sasolahirèki | ya ta sampuning alama-lama | diwasa kathah umure | mêpêg birainipun | Kyai Dêlèr Êmur winarni | darbe atmaja kênya [kê...]

--- 2: 49 ---

[...nya] | luwih saking ayu | tan darbe sadulur priya | sinadulurakên lan Si Ontung nênggih | tan pisah sadinanya ||

17. nanging nyonyah rêmêne kapati | mring Si Ontung dadya lama-lama | apan samya biraine | kirda lawan Si Ontung | pawèwèhe donya anggili | barang panjalukira | Si Ontung tinurut | nanging Si Ontung samana | datan arsa asimpêna donyanèki | akarya pangasilan ||

18. apan samya budhaking Kumpêni | dipun sanak anggung winewehan | sabarang ing sasukane | donyanira Dlèr Êmur | ingulêran raina wêngi | nanging datan kinarya | kasugihanipun | pan kinarya wèwèh marang | prasanakanira samya dèn tuwuki | mangkana salaminya ||

19. budhak Kumpêni wênèh wong Bugis | kang ingambil wau sanakannya | kathahe prasanakane | watara wong rongpuluh | prasanakan budhak Kumpêni | pan samya kapotangan | wênèh ana muwus | apa ingsun walêsêna | mring Si Untung manawa amanggih kardi | tan liya lara pêjah ||

20. Ki Dêlèr Êmur mangkya winarni | wêruh lamun donyane kèh ilang | amidhangêt yèn anake | kirda lawan Si Ontung | angulêri donyanirèki | pan anakira nyonyah | ical polahipun | kawêdhar tan mawi sandhang | gya cinêkêl Si Ontung dèn pilarani | rangkèt satêngah pêjah ||

21. datan arsa suwala ing kapti | asêsambat mintak ampun kula | Ki Dêlèr ngêrês manahe | pan ingapura sampun | ri wusira ing lami-lami | tan mari solahira | nyonyah lan Si

--- 2: 50 ---

Ontung | duk samana kawênangan | mring Dêlèr Mur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||

22. gya cinêkêl mring Dêlèr Mur aglis | liwat gusar Si Ontung punika | tinangkêp bêlokan gêdhe | de nyonyah gya rinipu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | langkung kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dêdosan sawidak yèn winitawis | sawusnya lama-lama ||

23. dadya Ki Untung amuwus aris | ing rowange kang anèng bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rowange sumaur | hèh Untung têka mangkana | duwe polah dene pambêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||

24. tur kinunci jinagèng Kumpêni | paran baya kênaa amolah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | nging Hyang Sukma marang kêkasih | pan kuwating kawula | saka ing Hyang Agung | rowange malih angucap | sira iki Untung dene akumaki | sun iki wong wis tuwa ||

25. nèng bêlokan wus tri madya sasi | lawan ingsun nora mangan-mangan | suprandene kongsi mangke | tan bisa budi tèngsun | sira bocah pêksa kumaki | mila bênêr Sri Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur-ajèr tan kewran | kaya sira ngayoni bêlokan wêsi | tuhu yèn bocah lanang ||

26. Ki Untung mèsêm nauri aris | ingsun nora rêmbugan lan sira | pikiran lan wong sakèhe | sasukanira iku | lamun sira nora praduli | hèh sanak-sanak sira | yèn ana pitulung | saka ing Hyang Maha Mulya | yèn ta ana iya [i...]

--- 2: 51 ---

[...ya] ingkang anguculi | paran karêpe samya ||

27. wong akathah samya anauri | yèn mêngkono apa karsanira | sanak-sanakira kabèh | manut sukanirèku | nadyan silih angrurah ngloji | timbang matyèng bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngurut ing sarira | sampun konus saking pambêlokan wêsi | cingak sakèh wong mulat ||

28. têtarungkon wong sawidak nuli | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang dèrèng | ingkang nyampahi wau | ya ta sagung kang ucul sami | sarêng dènira ngucap | mring sira Ki Untung | Untung paran karsanira | dene uwis ucul saking ing sirèki | paran ta ing rèhira ||

29. Ki Untung alon dènnya nauri | ingsun arsa angamuk Wêlănda | paran karsanira kabèh | sadaya gya sumaur | nadyan silih ngamukèng loji | kabèh datan suminggah | ing karsanirèku | mung upayakna dandanan | lan malihe golèkna sarapan dhingin | dimène sami kuwat ||

30. Ki Untung umèsêm muwus aris | yèn mêngkono wis padha mênênga | ingsun mêngko nora suwe | sigra wau Ki Untung | lawang gêdhong dinêdêl aglis | kuncine wus malêsat | Ki Untung gya mêtu | datan cinatur samana | Untung ngandhut patrêm gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba ||

31. kang ajaga pinatrêm ngêmasi | anjêrbabah tanpa asêsambat | kunci gya pinasang age | Ki Untung sigra laju | angulati wong sanaknèki | tan wontên kang pinanggya | mung kalih ing ênu | sigra dyan rinangkul sira | Untung dahat tinangisan mitra kalih | lah paran polahira ||

32. salawase sira nandhang sakit | ingsun arsa

--- 2: 52 ---

atilik tan bisa | mêngko uwis panggya dhewe | payo sun gawa mantuk | pan Ki Untung nulya tut wuri | sapraptanirèng wisma | pawong sanakipun | para mitranya sadaya | binilangan dene kang katêmwèng nguni | akathah samya prapta ||

33. prasanake prapta tawan tangis | Ki Untung alon dènnya angucap | sun jaluk gêgaman bae | lawan sun jaluk sêkul | dèn akathah lan kinang aglis | lah payo atêrêna | ingsun arsa wangsul | sigra pawong sanakira | anggawani kêris pêdhang lawan cundrik | myang waos cacebolan ||

34. wus binêngkêk kang warastra aglis | dyan umangkat kêrig prasanaknya | kang ngatêrkên gêgamane | wênèh ambêkta sêkul | myang panganan kinang tan kari | samana wayahira | apan pukul wolu | duk Ki Untung wêdalira | pan pukul nêm lampahira nulya prapti | prênahe pambêlokan ||

35. sarêng ingkang gilir jaga prapti | Kumpni siji ingkang ngatêr kopral | ya ta Ki Untung nulya ge | anarik patrêmipun | wus pinatrêm siji ngêmasi | koprale arsa mêdhang | gya pinatrêm lampus | ingkang anèng jro bêlokan | pan sadaya winêdalakên tumuli | samya berag kang manah ||

36. samya kinèn anêdhaa aglis | kumaroyok wong sawidak samya | sawusira nginang age | nulya warastra dinum | ana ingkang amilih cundrik | wênèh amilih pêdhang | wênèh kêrisipun | ana tumbak cêcebolan | sampun samya asiyaga ngati-ati | nèng jawining bêlokan ||

37. ya ta wontên wong tuwi sawiji | anggarit lêmah sarwi angucap | hèh Untung manira mangke | lamun Kumpêni [Ku...]

--- 2: 53 ---

[...mpêni] rawuh | yèn lungaa saka gêgaris | gon ingsun mapag yuda | sampun awak ingsun | dudu anaking manungsa | anak anjing yèn ingsun tinggala garit | bunuhên saking wuntat ||

38. ya ta wau litnane winarni | kang ajaga ing jaba bêlokan | suwe tan prapta koprale | ya ta wus kinèn nusul | sarehane abang lumaris | wus prapta pambêlokan | pan kagyat andulu | baris nèng jawi bêlokan | gêdhong mênga sarehan lumayu aglis | myat rowangira pêjah ||

39. matur dhatêng litnanira nuli | katur mring rat Kumpêni sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabrêgada sigra lumaris | wus prapta pambêlokan | wong Kumpêni ngêpung | ya ta Ki Untung saksana | angabani kancane anêmpuh aglis | mangsah sadaya surak ||

40. binarondong bêdhil tan gumingsir | wong sawidak pan angamuk rampak | wong Kumpêni akèh longe | kuwêl dènnya atarung | tandangira Ki Untung nênggih | lir singa lodra galak | kanan kering nyuduk | anggoco sarwi anyepak | wong sawidak anglir bajo angajawi | gêmpuran sabrêgada ||

41. munggèng wuri Kumpêni kèh mati | angêdrèli anglir gêlap sasra | sapalih ika kantune | angamuk kuwêl iku | kang sawênèh pêdhang lan kêris | Kumpêni kathah pêjah | kang wuri kèh rawuh | Ki Untung rowangnya têlas | pan ingêroban mimis lir udan api | tumpês kari priyăngga ||

42. Ki Untung tinubruk kanan kering | kang aparêk padha pinatrêman | duk kinandhang-kandhang bae | mêdal ing loji sampun | saparane pan dèn bêdhili | mring bètèng alang-alang |

--- 2: 54 ---

panyalimpêtipun | Kumpêni pan wus kelangan | dèn osak-asik datan ana kapanggih | dadya Kumpêni kobra ||

43. wus misuwur sanagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês awor lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung dènnya singidan | anèng bètèng alang-alang tigang ratri | Ki Untung duk samana ||

44. amomor dhatêng nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | sun mèlu mring sira asabaya pati | amalês kabêcikan ||

45. tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu mangkat saking ing nagara | tan kari sagêgamane | bètèng lang-alang rawuh | karya pondhokira miranti | ing sabên ari prapta | pawong sanakipun | kêkalih tuwin sakawan | lama-lama tutur-tinutur waradin | sakèh prasanakannya ||

46. kang sawênèh ana ngait-ait | duk samana nagri Batawiah | nayaka Kumpêni kabèh | minggat têbusanipun | pan Ki Untung ingkang winarni | nèng bètèng alang-alang | wus mêmpên wong satus | lawan sagêgamanira | pan cinatur bètèng lang-alang anênggih | samana maksih wana ||

47. apan enak dènira miranti | Ki Untung lawan sarowangira | dene kang ngrêksa pangane | nênggih amung Ki Untung | tan kawruhan saba nagari | tan ana kang uninga | mangkana cinatur | yèn kala marang nagara | sawêdale patrême tansah tinarik | winor suruh

--- 2: 55 ---

candhikan ||

48. yèn kêpêthuk Kumpêni satunggil | myang kêkalih ginêpyok ing sêdhah | niba kapisanan jidhèt | sabên-sabên kêpêthuk | wong Kumpêni ginêpyok mati | yèn wayah wusing ngasar | wingwrining marga gung | ing sabên ari mangkana | lama-lama kauningan mring Kumpêni | yèn Ki Untung kang polah ||

49. pinarantèn dening wong Kumpêni | yèn wayah pukul satêngah lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Kumpêni siji | Ki Untung duk samana | anuju lêlaku | saking sajroning nagara | aningali Kumpêni satu nèng margi | sigra ginêpyok sêdhah ||

50. kapirsanan kang baris miranti | sigra mêdal Ki Untung lumajar | binarondong bêdhil akèh | cinêgat saking ngayun | pan Ki Untung minglar angering | saking kering narajang | kang ginêpyok lampus | anêmpuh sarwi lumaywa | wong Kumpêni rolas ingkang angêmasi | kopral sarehan pêjah ||

51. wong Kumpêni maksih ambêdhili | ambêburu Ki Untung samana | ya ta prapta ing prênahe | rowangira Ki Untung | ya ta sarêng miyarsa bêdhil | sadaya sarêng mêdal | saking prênahipun | mulat Kumpêni gung prapta | ambêbujung Ki Untung kang dèn bêdhili | wong satus sarêng pêjah ||

52. ngamuk rampak wong satus mangungkih | tandangira lir yêksa mamăngsa | wong Kumpêni akèh longe | tumpês amung kang kantun | janma tiga maring nagari | dene wau kang pêjah | sawidak gungipun | lumayu maring nagara | sampun prapta katur ing para Kumpêni | miwah gurnadur jendral ||

--- 2: 56 ---

53. yèn Kumpêni kathah kang ngêmasi | Ki Untung baris nèng alang-alang | apan akathah rowange | tan kawarna ing dalu | enjing mêpêg baris Kumpêni | Ambon Bugis Makasar | Sêmbawa lumayu | gêgamane abra sinang | sigra budhal Amral tinuduh nindhihi | lawan mayor sakawan ||

54. pan gumuruh swara tambur muni | surak bakilung wadya Makasar | datan kawarna lampahe | bètèng lang-alang rawuh | dyan warnanên Ki Untung nênggih | anon Kumpêni prapta | tarèn kancanipun | sagunge wong sanakira | aprajanji prasêtya barêng ngêmasi | tan nêdya nolèh wuntat ||

39. Pangkur

1. wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sampun amêpêg baris | Amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | swaraning kang sanjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sêndawa | Ki Untung sigra ngabani ||

2. saksana sarêng umangsah | ngamuk rampak amor kukusing bêdhil | wadya Makasar anglambung | ngêbyuki kering kanan | ramening prang Ki Untung sarowangipun | manêngah lir singa lodra | wong satus tan nêdya urip ||

3. sabalanira sudira | kang katrajang Kumpêni kèh ngêmasi | Bugis Sambawa kèh lampus | miwah Ambon Makasar | kawarnaa Kumpêni saya gung rawuh | Ki Untung sarowangira | lir andaka tawan kanin ||

4. ngurugan dening sanjata | datan anggop pangêdrèling Kumpêni | lir gêlap sèwu ambarung | gurnat lawan gurnada | gutuk awi[4] lir udan lamun dinulu | Ki Untung pangamukira | tan apisah golong pipit ||

5. ngêsokan mimis lir udan | sira Untung lir Partatanayèki | binut [bi...]

--- 2: 57 ---

[...nut] sata Kurawèku | sampun karoban lawan | akèh kanin rowangira akèh lampus | myang Kumpêni akèh pêjah | wangke awor tumpang tindhih ||

6. saari dènira yuda | rowangira Ki Untung kang ngêmasi | sawidak kèhe kang lampus | Kumpêni sabêrgada | Bugis Ambon Sêmbawa lan wong Malayu | wadya Mêkasar kèh pêjah | angrês prajurit Kumpêni ||

7. amung kantun kawan dasa | sira Untung wadyanira kang kari | maksih sudira angamuk | kabèh lir singa lodra | ya ta sapih kang yuda kasaput dalu | wadya Kumpêni sadaya | wus mundur maring nagari ||

8. Ki Untung ingkang winarna | pan ing dalu gunêm sarowangnèki | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êmbun namanira | alon mojar hèh ta sanak-sanak ingsun | kabèh paran budinira | kang wong sadaya nauri ||

9. manira tan darbe sêdya | saparane Ki Untung sun tut wuri | kabèh nora nêdya kantun | Ki Êmbun alon mojar | mring Ki Untung bagus iki pikiripun | yèn amung abăndayuda | pira kuwatira iki ||

10. amungsuh wong sanagara | yèn sêmbawa payo padha angungsi | Ki Untung alon amuwus | iya sakarsanira | nanging ngêndi kang pantês ingungsèn iku | Ki Êmbun alon angucap | ing Carêbon payo ngungsi ||

11. manawa ta Kangjêng Sultan | ing Carêbon benjang wani ngukuhi | mangkana Untung miturut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan kang dèn jogi ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | gantya wau kang winarni ||

12. saundurira ayuda | wong Kumpêni [Kumpê...]

--- 2: 58 ---

[...ni] sagunge ngati-ati | prasamya abaris tugur | katangkêp lawang kutha | mriyêm samya pinasang plataranipun | arakit sagêgamannya | ya ta kawarnaa enjing ||

13. sumrêg swarane kang bala | pan kinêrig sagung wadya Bêtawi | wus budhal swara gumuruh | ing ênu tan winarna | praptèng bètèng alang-alang panggih suwung | Amral mêmatah kapitan | pêpitu kinèn ngulati ||

14. myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | saha wadyabalanipun | nênggih têtindhihing prang | apan Mayor Bèndêlpotan namanipun | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan nut lari ||

15. ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | wau ing nagri Cianjur | gepak ngalor angetan | ing Cirêbon wau ta ingkang jinujug | ênêngna Untung lampahnya | Sultan Cirêbon winarni ||

16. darbe abdi kinasihan | tur pinutra-putra ran Surapati | sultan kalangkung sihipun | ngugung ingêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mênawa Ki Surapatya | bêburu maring wanadri ||

17. ambêkta wadya sakupang | pan sadaya sami wahana wajik | saha sikêp tumbak tulup | towok lêmbing nèng ngarsa | sira Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn ana ing marga | wong kang liwat samya ajrih ||

18. wadyane ing kering kanan | dyan warnanên wau Ki Untung prapti | Cirêbon talatahipun | angambah wanawasa | prapta ing gyanira Surapati sampun | Surapati kagyat mulat | wong liwat pating kalicir ||

19. kang dèn iring lare pelak | Surapati ngatag [nga...]

--- 2: 59 ---

[...tag] balanira glis | padha andhêgên wong iku | ingong arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | ya ta Ki Untung wus prapta | ing ngarsane Surapati ||

20. Ki Surapati angucap | sira iki adhi têka ing ngêndi | miwah kang sinêdyèng kayun | sapa wêwanginira | sira Untung alon dènira umatur | kawula ing Batawiah | nênggih budhaking Kumpêni ||

21. milane kawula kesah | nênggih dipun sikara ing Kumpêni | ingkang kasêdya ing kayun | angungsi Kangjêng Sultan | ing Cirêbon mênawi sagêda ngukup | dhatêng ing wong kawlasarsa | nêdya sabil lan Kumpêni ||

22. Surapati osiking tyas | rare iki yèn sun watarèng ati | jatmika wagêd ing têmbung | dudu trahing wong papa | sun watara kaya têdhake wong luhur | yèn katura kangjêng sultan | pasthi yèn dèn karêmêni ||

23. dhasar gustiningsun sultan | karêmêne wong kang graitèng lungid | kalawan wong kaduk purun | upama koningana | maring gusti sayêktine ingsun kantun | lorod pangawulaningwang | dadya Surapati angling ||

24. adhi sun peling ing sira | pan nagara Cirêbon iki cilik | nanging wingite kalangkung | yèn sirarsa mangsuka | lah tinggalêm[5] gêgamanmu kabèh iku | miwah sakèh rowangira | aja na anganggo kêris ||

25. yèn nora tinggal gêgaman | nora kêna sira manjing nagari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane kabèh aturna maring sun | dene ingsun kang anggawa | manjingira mring nagari ||

26. Ki Untung alon angucap | sabature kinon [ki...]

--- 2: 60 ---

[...non] srah tumbak kêris | saksana sinrahkên sampun | kabèh gêgamanira | Surapati mojar maring wadyanipun | kabèh padha tampanana | gêgaman tumbak lan kêris ||

27. ya ta sampun tinampanan | kang awarni gêgaman tumbak kêris | sadaya sampun barundhul | Ki Untung rowangira | ri saksana Ki Surapati amuwus | adhi amung kari sira | durung asrah tumbak kêris ||

28. Ki Untung alon aturnya | bok inggiha kyai dika alimi | dene rencang kula sampun | kapundhutan sadaya | mung kawula kiyai andika tanggung | măngsa nêdyaa punapa | wong anêdya ngungsi urip ||

29. Ki Surapati anyêntak | apa têmên sira tan asrah kêris | măngsa bêcika tinêmu | yèn wangkot nut parentah | awèh ora êndi kêrismu sun pundhut | sira iki basakêna | mêndhak kalingan kaèksi ||

30. apa nganti sun plaksana | ingsun gawa bêbandan mring nagari | kagyat miyarsa Ki Untung | madêg suraning driya | asru ngucap ora awèh kêris ingsun | yèn wus pêcat nyawaningwang | têka ing rêraga mami ||

31. lah iku sakarsanira | Surapati bramantya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung gya malumpat | sarwi ngucap mring wadyane sadayèku | hèh batur padha mirea | ingsun dhewe kang ngêmbari ||

32. sira wis tanpa gêgaman | ri sêksana wong Carêbon ngêbyuki | sawênèh ana anyuduk | ana ingkang anumbak | Surapati nindhihi ing wadyanipun | lawunge ingêmbat-êmbat | Ki Untung datan gumingsir ||

33. narik patrêm [patrê...]

--- 2: 61 ---

[...m] asta kanan | asta kiwa sampun anarik kêris | tangane kering ambunuh | tinumbak tan suminggah | wong Cirêbon kang kapatrêm kathah lampus | Ki Untung asru sêsumbar | payo kene Surapati ||

34. aja ngadu wadyanira | Surapati ngatag wadya ing buri | payo sosogên ing ganjur | wong siji găndra pira | urugana ing lêmbing kalawan busur | Ki Untung ngamuk manêngah | kang katrajang kèh ngêmasi ||

35. wong ing Carbon giris mulat | tandangira Ki Untung angajrihi | lir singa lodra dinulu | winatang tan tumama | wong Cirêbon akèh longe ingkang lampus | kang kari mawur sasaran | tan ana nolih ing gusti ||

36. Ki Surapati lumaywa | sêdyanira wêwadul marang gusti | ya ta warnanên Ki Untung | rewangnya kang suminggah | sarêng prapta sadaya sami angrangkul | angungun ing solahira | sawênèh ana nangisi ||

37. Ki Untung arêrêmbagan | ing rowange prasamya angling aris | dawêg animpang Ki Untung | manawi winangsulan | dhatêng ingkang bêbegal punika wau | Ki Untung alon angucap | kang ora-ora sira ngling ||

38. apan wong nêdya raharja | pasthi ingsun rahayu kang pinanggih | sêksana lajêng Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sampun prapta ing nagara | dumrojog malêbèng puri ||

39. jêng sultan lagya sineba | Surapati pan sarwi awotsari | gupuh dènira umatur | kawula tur uninga | abdi dalêm gusti kathah ingkang lampus | binegal wontên ing marga | dene kang angêndhêg kardi ||

40. tiyang saking Batawiah [Batawi...]

--- 2: 62 ---

[...ah] | akêkasih inggih pun Untung gusti | de mangke inggih pun Untung | lajêng malêbèng kitha | kèndêl wontên margi parapatan wau | sultan aris angandika | mring gandhèk kinèn nimbali ||

41. Ki Untung wus tinimbalan | sigra mêdal wau gandhèk kêkalih | sampun prapta prênahipun | ing marga parapatan | wus kapanggih sira kalawan Ki Untung | kyai gandhèk lon angucap | sira ngandikan mring gusti ||

42. Ki Untung kerid saksana | sigra prapta rowangnya kantun jawi | Ki Untung nulya cumundhuk | ing ngarsane jêng sultan | kangjêng sultan pangandikanira arum | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||

43. pan ingsun arsa têtanya | apa sêdyanira prapta nèng ngriki | iya ing nagaraningsun | lan pira rowangira | Kyai Untung matur sarwi awotsantun | inggih amung kawan dasa | sultan angandika aris ||

44. alane Si Surapatya | dursilane têka anglêlangkungi | durung ana luwangipun | hèh iya ngêndi ana | pan wong satus binegal wong patang puluh | dene ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||

45. ri saksana pinariksa | sira Untung sultan kalangkung runtik | nulya Surapati iku | wus kinèn mêjahana | sinudukan wau anèng alun-alun | Ki Surapati wus pêjah | sultan angandika aris ||

46. sira lajua mangetan | angungsia marang rajèng Matawis | apan iku ratu agung | anyakrawati ing rat | nuswa Jawa pan iku ingkang amêngku | kêlar ngukuhana sira | apan ingsun angamini ||

47. lan

--- 2: 63 ---

sira sun wèhi aran | ajênênga Rahadèn Surapati | lawan pinasthi sirèku | dadya satruning kopar | sira Untung kalangkung dènira nuhun | anêmbah sirèng suku sang | amit lèngsèr saking puri ||

48. sapraptanira ing jaba | wus apanggih lawan rowangirèki | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | timbalane kangjêng sultan marang ingsun | ingsun kinèn angungsia | maring sang rajèng Matawis ||

49. apan sultan tan kawawa | angukuhi dening nagara cilik | nanging amine jumurung | sasolah-tingkah ingwang | lan malihe ingsun sinungan jêjuluk | dening sultan ingaranan | iya Radèn Surapati ||

50. rowangnya suka sadaya | dene antuk idining ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan ingsun winêca | dening sultan ing satêdhak turun ingsun | apadene abdiningwang | dadya satruning Kumpêni ||

51. Bapa Bun sira kang tuwa | angaliha sira sun wèhi nami | Êmbun Jaladri sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira kang sun gawe tuwa | rowangnya sadaya angling ||

52. hèh kakang Êmbun mung sira | luwih bênêr karsane radèn iki | sira pamungkasing laku | minăngka tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku | apa barang pikir dika | dika wus mikani wèsthi ||

53. radèn pan maksih taruna | sadungkape dika ingkang ngaturi | tan winarna wau sampun | mangkat saking nagara | amangetan Surapati lampahipun | ing Têgal apan kamargan | Pamalang kang dipun [dipu...]

--- 2: 64 ---

[...n] jogi ||

54. gantya ingkang winursita | wong Kumpêni kang samya anututi | kèndêl tanah ing Cianjur | pan wus miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalor ngetan lampahipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni ||

55. ajrih yèn ngungsira têbah | dene wêruh tandange yèn ajurit | duk samana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya wus kinèn kumpul | anèng Cianjur barisnya | sagunge kang para mantri ||

56. Kumpêni parentahira | wong kang liwat samya kinèn nakèni | manawa luwih sapuluh | tan anggawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Si Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi ||

57. wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kari pacak baris | wong Sundha para tumênggung | kang baris urut marga | yèn ta durung karuhan gyane Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubar ingkang baris ||

58. ya ta wau kawuwusa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak mangidul | prapta tanah Toyamas | lèrèn dhukuh Ajibarang kang dinunung | pan dhusun ing Ajibarang | patingginira kêkalih ||

59. apan samya kadangira | loro sanak kang anom Saradênti | Saradênta ingkang sêpuh | langkung anyuba-nyuba | mring têtamu laminira kawan dalu | sira Radèn Surapatya | saksana ngadêg kang baris ||

60. pan wus akarya narendra | Saradênta kalawan Saradênti | ingkang ingadêgkên ratu | sampun ngêlar jajahan | kanan kering Ajibarang pan anungkul | tan ana wani anglawan |

--- 2: 65 ---

marang Prabu Saradênti ||

61. yèn ana wani anglawan | gya ginêcak rêmpu tan ana wani | dadya kang kantun atakut | wus dadya barisira | amung kari jroning kitha dèrèng têluk | kantun Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit ||

62. ya ta wau linampahan | Bun Jaladri panganjurirèng jurit | kitha Toyamas jinujug | rame dènira yuda | Ki Tumênggung Toyamas balane rêmpu | datan amăngga puliha | kontal saking ing nagari ||

63. kèndêl sawetan Toyamas | ki tumênggung maksih apacak baris | nèng kali Jirak kêkuwu | wong wetan ing Toyamas | Panjêrngrema akumpul barisnya agung | Bun Jaladri kang winarna | ratune wus dèn boyongi ||

64. marang salêbêting kitha | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | langkung pinutra-putra | Bun Jaladri gêgêdhig manggalanipun | wus agêng dêdamêlira | mangkana ingkang winarni ||

65. sira Radèn Surapatya | abêbisik mring Bun Jaladri aris | aywa kelangan sirèku | sun[6] bapa arsa lunga | marang Kartasura asuwita ingsun | ing Jêng Sang Prabu Mangkurat | yèn ana wong takon mami ||

66. apadene ratunira | awarahên yèn lunga tapa mami | pan marang pasisir kidul | anging wêwêkas ingwang | maring sira yèn besuk utusan ingsun | saka prajèng Kartasura | ratumu cêkêlên aglis ||

67. sira gawaa bêbandan | Bun Jaladri ya ta umatur inggih | sandika ing rèh pukulun | lawan maninge bapa | aja kandhêg nêlukakên sapungkurku | baris saking Kalijirak [Ka...]

--- 2: 66 ---

[...lijirak] | gitikên sapungkur mami ||

68. ri sampunira mitungkas | gya umangkat Rahadèn Surapati | duk ing wayah têngah dalu | mentar saking Toyamas | lampahira datan kawarna ing ênu | prapta nagri Kartasura | wong anom ingkang lumaris ||

40. Sinom

1. sira Radèn Surapatya | wau kang sinêdyèng galih | umarêk rêkyana patya | Radèn Anrangkusumèki | lampahnya sampun prapti | nênggih paregolanipun | sigra atur uninga | wau ingkang têngga kori | lamun wontên wong prapta arsa suwita ||

2. sigra wau ingandikan | dening rêkyana apatih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsa saha wotsari | Radèn Nrangkusumèki | rêsêp ing manah andulu | alon dènnya ngandika | ing ngêndi asalmu adhi | lawan sapa wêwanginira matura ||

3. Ki Surapati tur sêmbah | tan èngêt sakaning alit | dening papa kawlasarsa | anama pun Surapati | sêdya kawula ngabdi | dhatêng gusti kang sinuhun | lawan malih punika | kawula angungsi urip | dèn niaya kawula dhatêng wong kopar ||

4. marma gya oncat sumêdya | ngayom mring jêng sri bupati | upaminipun kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | wit dados runing kapir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun amba | sagung abdi dalêm Jawi | sampun wontên tumut-tumut magut yuda ||

5. dene Kumpêni punika | kapanggiha siyang ratri | pan inggih purun kawula | sagêndhinge kula wani | ya ta rahadèn patih | miyarsa suka tyasipun | alon dènnya ngandika |

--- 2: 67 ---

lah iya aja kuwatir | manira kang umatur marang narendra ||

6. mangkana Ki Surapatya | sinungan ênggyan pribadi | kalangkung sinuba-suba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | gantya kang kawuwusa | sira Prabu Saradênti | nênggih ingkang ngadhaton wontên Toyamas ||

7. apan sampun awibawa | gêgamanira wus dadi | kang abaris kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | marang Bun Jaladri wau | Ki Tumênggung Toyamas | rusak balane kèh mati | tan kuwawa tumênggung sigra lumaywa ||

8. pan sêdya mring Kartasura | apan arsa tur upaksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | matur mring sri bupati | aturira ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong ngadêgkên baris | aprakosa kêraman kang madêg nata ||

9. sang nata kalangkung duka | age kinèn anglurugi | ingkang tinuduh ing lampah | sira rahadèn apatih | ya ta ingkang winarni | Radèn Anrangkusumèku | undhang kang wadyabala | santana lawan prajurit | sira Radyan Surapati ingandikan ||

10. wus prapta ing ngarsanira | ngandika rêkyana patih | ingsun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | ingsun kinèn nglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng nagri Toyamas | ya ta Radèn Surapati | tur pranata kenginga radèn punika ||

11. sampun andika tumindak | ngamungna pun Surapati | anyêpêng mêngsah karaman | kawula ingkang nanggupi | wuwuha mêngsah malih | sayêkti merang

--- 2: 68 ---

kalangkung | yèn amba maksih gêsang | paduka tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih ngandika ||

12. yèn mêngkono aturira | sun munjuk ing sri bupati | ri sampunira mangkana | lumêbêt ing dalêm puri | ing srimanganti prapti | sampun tundhuk lan sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsèng sang aji | sigra matur Rahadèn Anrangkusuma ||

13. gusti wontên palajêngan | saking ing nagri Batawi | kêkasih pun Surapatya | palajêngipun angungsi | sinikarèng Kumpêni | mila ngungsi sang aprabu | dene ta tanpa dosa | binoyak-boyak Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman ||

14. ingkang mandhirèng Toyamas | punika sanggup mêjahi | yèn suwawi rinojongan | ature pun Surapati | endah punapa gusti | yèn èstu pênêd kinukup | yèn awon gya binucal | sampun nyênyukêri galih | sri narendra alon dènira ngandika ||

15. lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | pan ingsun uwus pracaya | marang ing sira apatih | suka tyase wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanirèng jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhan timbalane sri narendra ||

16. kalilan kinèn umangkat | adhi sadina ing mangkin | Ki Surapati sandika | kalangkung suka ing galih | pan sampun dèn kèngkèni | Tumênggung Toyamas wau | ngatêr Ki Surapatya | mangkat saking ngarsèng patih | sigra-sigra mangkat saking Kartasura ||

17. datan kawarna ing marga | lampahe Ki Surapati |

--- 2: 69 ---

ing kali Jirak wus prapta | pan sampun apacak baris | wong desa akèh prapti | samya ngaturi sêsuguh | tarub wetan Toyamas | mirsa jêjênêng narpati | kawarnaa sira Radèn Surapatya ||

18. rahadèn sigra utusan | mring panakawan kêkalih | pan bêkta sêsupenira | aglis lampahnya wus prapti | ing Bun Jaladri iki | sampun atanggap ing sêmu | sira Bun Jaladriya | amangsiti rowangnèki | bêbêktane kang saking nagri Jakarta ||

19. sadaya kinèn siyaga | sagêgamaning ajurit | mangkat seba ratunira | sapraptanira ing puri | sira Ki Saradênti | apan lagya ngabên sawung | anèng pasowan jaba | ingayap pawongan cèthi | kagyat mulat praptane Bun Jaladriya ||

20. alon dènira ngandika | sira Prabu Saradênti | kene dèn kaparèng ngarsa | apa wartane ing jawi | baya ta ana kardi | dene ta bapa malêbu | sira Bun Jaladriya | pan sampun amarêpêki | angêjèpi nênggih maring rowangira ||

21. tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjumbul sampun binănda | myang Saradênta ginodhi | kalih binêkta mijil | Bun Jaladriya wus mêtu | lampahe tan winarna | ing kali Jirak wus prapti | sampun katur marang Radèn Surapatya ||

22. yèn ratune wus kabănda | suka Radèn Surapati | sigra pinocok saksana | utamangganira kalih | Toyamas dèn obongi | wau ing kadhatonipun | pan samya binoyongan | dene Radèn Surapati | sampun budhal saking nagari

--- 2: 70 ---

Toyamas ||

23. datan kawarna ing marga | prapta ing Kartasurenjing | katur mring sri naradipa | yèn prapta Ki Surapati | ratu kraman wus mati | pan tinigas jangganipun | sang nata langkung trustha | murda wus tinanjir kalih | sira Radèn Surapati wus ginanjar ||

24. ing êmas lawan busana | langkung suka Surapati | dene angrasa katrima | karyanira mring narpati | wastra dinumkên sami | ingangge sarowangipun | wastra lawan kancana | langkung sihira narpati | dene kathah ganjaranira sang nata ||

25. manggèn ing Anrangkusuman | apan wus sinungan panti | Surapati sarowangnya | cinadhong ing siyang ratri | dening rahadèn patih | sinuba-suba kalangkung | sawusira mangkana | antaraning lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiah ||

26. yèn Ki Untung wus karuwan | suwita sarowangnèki | mring Sang Prabu Kartasura | malah wus silih wêwangi | aran Ki Surapati | ya ta wau kang winuwus | apan sampun bicara | sagung nayaka Kumpêni | ngandikan mring ngarsaning gurnadur jendral ||

27. miwah idêlèr pamungkas | wus prapta ing ngarsanèki | wus dadi ingkang bicara | anari para prajurit | sapa sanggup nglurugi | anyêkêl maring Ki Untung | agêng ingkang ganjaran | sarta jinunjung kang linggih | pra prajurit Kumpêni mopo sadaya ||

28. dene ta sampun kantênan | Ki Untung prawirèng jurit | jendral kalangkung kèmêngan | Dlèr Mur pêtêng ingkang ati | ya ta wontên Kumpêni | satunggil wijil wong agung | nanging maksih kapitan | trahing prajurit linuwih [linu...]

--- 2: 71 ---

[...wih] | bapakira kang bêdhah nagri Makasar ||

29. Kapitan Tak wastanira | punika ingkang nanggupi | nyêkêl ing Untung samana | jendral suka ing tyasnèki | ngakak angêntrog wêntis | sarwi nyandhak astanipun | Kapitan Tak saksana | binêktèng ngarsa tumuli | winor lawan pra kapitan kalih wêlas ||

30. umuk-umuk linarihan | marang sang jendral pribadi | tanapi radpêni bêsar | sadaya sami nglarihi | sampun sinung Kumpêni | kalih atus kang tinuduh | prasamya pêpilihan | myang wadya Makasar Bugis | sigra mangkat sampun binêktanan surat ||

31. saksana numpak ing palwa | mancal saking ing Batawi | tan winarna lampahira | ing lautan sampun prapti | Japara muarèki | baita sampun alabuh | mêntas Kapitan Êtak | sakumpêninya tan kari | langkung suka kumêndur kang nèng Japara ||

32. ri sampunira mangkana | ajidan sigra tinuding | angaturakên kang surat | jendral maring sri bupati | kinanthèn mantri kalih | Japara gya lampahipun | ing ênu tan winarna | prapta ing Kartasurenjing | kang jinujug Radèn Arya Sindurêja ||

33. sira Arya Sindurêja | sigra tumamèng jro puri | wus katur sri naranata | yèn surat saking Batawi | sang nata gya upèksi | sampun kadriya kang têmbung | sang nata angandika | mring Arya Sindurêja ris | lah Sindurja kayaparan budinira ||

34. iki layange si jendral | anjaluk Si Surapati | manêmbah matur Sindurja | yèn suwawi lan sang aji | inggih pun Surapati [Surapa...]

--- 2: 72 ---

[...ti] | buron Kumpêni satuhu | lêhêng tinêdhakêna | dados galihing Kumpêni | saupami paduka angêkahana ||

35. èmêng sang nata ngandika | hèh iya mêtua dhisik | timbalana yayi êmas | Dipati Pugêr dèn aglis | lawan Si Adipati | Madura Surapringgèku | sirarya Sindurêja | sigra nêmbah sampun mijil | sapraptane andhawuhakên timbalan ||

36. Pangeran Pugêr wus prapta | lawan punggawa kêkalih | Jangrana lan Cakraningrat | lajêng tumamèng jro puri | Sindurja kang pangirid | wus prapta ngarsèng sang prabu | mèsêm sarwi ngandika | hèh yayi mas adipati | payo kene yayi dèn kaparèng ngarsa ||

37. majêng Pangeran Dipatya | myang Dipati Surawèsthi | sri narendra angandika | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati jinaluk | Si Tak ingkang dinuta | anyêkêl Si Surapati | dene mêngko maksih ana ing Japara ||

38. lah yayi sira pikira | lan punggawanira katri | Dipati Sampang tur sêmbah | Jangrana tur sêmbah aris | yèn suwawi sang aji | tinêdhakakên pukulun | upami kinêkahan | amasthi yèn dados jurit | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa ||

39. langkung èmêng sri narendra | kang rayi umatur aris | yèn kawula tan sambada | ature punggawa katri | apan pun Surapati | angabdi ing kaka prabu | dene mangke tinêdha | winastan dosa Kumpêni | tinurutan inggih tuwan têdhakêna ||

40. nanging abdi dalêm Jawa | sampun tumut angrencangi | angraman pun Surapatya [Surapa...]

--- 2: 73 ---

[...tya] | dimèn cinêkêl pribadi | apan pun Surapati | tan darbe dosa pukulun | inggih dhatêng paduka | yèn abdi dalêm ngrencangi | sayêktine anyikara tanpa dosa ||

41. pan punika băngsa Islam | dene yèn mêksa Kumpêni | paduka angêlèsana | ngakêna tan darbe dasih | dhatêng pun Surapati | anane nèng nagriningsun | pan iku angawula | marang ing pêpatih mami | ana Anrangkusuman gènnya suwita ||

42. katujon sri naradipa | myarsa ature kang rayi | gumujêng sarya ngandika | bênêr yayi mas dipati | mangkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | de Kumpêni yèn mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute iya têka dèn cêkêla ||

43. hèh ta sira Sindurêja | payo mêtua dèn aglis | wèha wruh marang ajidan | mangkono timbalan mami | nuli tundhungên aglis | lan utusana sirèku | angatêr mring Samarang | lan pracayakêna maning | kang sun tuduh rumêksa marang Si Êtak ||

44. pangane ana ing marga | ya Si Răngga ing Samawis | Arya Sindurja gya mêdal | sapraptanira ing jawi | ajidan dèn dhawuhi | ing timbalane sang prabu | wus pamit sigra mêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga ing nagari Kartasura ||

45. tan kawarna solahira | ya ta wau sri bupati | alon dènira ngandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalan ingsun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||

46. lan sagung [sa...]

--- 2: 74 ---

[...gung] para punggawa | padha undhangana yayi | kabèh kon awèh gêgaman | adhi mring Si Surapati | kang rayi nêmbah mijil | punggawa kalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | Hyang Arka wus nitih ardi | sampun prapta pangeran ing dalêmira ||

47. sagunging para dipatya | dalu ingundhangan sami | marang dalêm Kapugêran | miwah sira radèn patih | myang Radèn Surapati | ing Kapugêran wus rawuh | tata sami alênggah | sagung kang para dipati | jêng pangeran andhawuhakên timbalan ||

48. hèh paman Anrangkusuma | timbalane sri bupati | yèn mêngko Si Surapatya | dèn jaluk maring Kumpêni | sira kinarya ringgit | yèn Ki Surapati purun | amagut dutaning kang | Kumpêni saking Batawi | Kapitan Tak mêngko ana ing Japara ||

49. nanging lagya ingandikan | dening kangmas sri bupati | kayaparan sanggupira | kalamun pinaran wani | nuli lungaa aglis | têka nagrine sang prabu | yèn sira wani nglawan | kakang prabu angidèni | amaringi kanthi iya maring sira ||

50. Ki Surapati tur sêmbah | dhuh gusti kula sang pêkik | sanadyan jendral praptaa | angriga wadya Kumpêni | dèn kêbak tanah Jawi | datan amiris ing sanggup | mangkya badan kawula | angsal idining raka ji | inggih sasat paripih kalawan jimat ||

51. lêbura awor pratala | wus kasêdyèng siyang latri | pêjaha awor si kopar | pintên bangginipun gusti | kawula manggih urip | yèn antuk barkat pukulun | rakanta myang paduka | mèsêm Pangeran Dipati | angandika dhatêng Radèn Nrangkusuma [Nrang...]

--- 2: 75 ---

[...kusuma] ||

52. hèh paman Anrangkusuma | sirèstu kinarya ringgit | milua salaku jăntra | maring adhi Surapati | ya ta rahadèn patih | sandika suka tyasipun | pangandikanya pangran | mring sagung para dipati | alah payo kabèh awèha gêgaman ||

53. iya ta sasukanira | pamilihe Surapati | Ki Surapati tur sêmbah | sampun liya saking kêris | Pangeran Madurèki | sampun nguncalakên dhuwung | dhapuripun supana | tangguhe Tuban sayêkti | pan tinarik marang Radèn Surapatya ||

54. pan sarwi alon turira | sampeyan pêparing kêris | sampun kêdaha bewara | paringa dhuwung kang alit | kang dhapur tilam upih | lawan kalamisan iku | myang sangu tumpêng ika | kula têdha pasopati | inggih pintên agênge siyunging ula ||

55. saksana sagung dipatya | samya suka dhuwung alit | kang sami titih kewala | ri sampuning sinung kêris | bubaran radèn patih | myang Surapati tan kantun | pan sampun atur sêmbah | sagunging para dipati | sarêng bubar saking dalêm Kapugêran ||

56. wau Radèn Nrangkusuma | wus prapta dalêmirèki | anulya lajêng gêganjar | marang prajurite sami | wastra kancana picis | Radèn Surapati sinung | sadaya wadyanira | sampun sinungan kêlambi | pan sangkêlat abang rinenda satêbah ||

57. sadaya lancinganira | prasamya sangkêlat kuning | pinanji rinenda pêthak | bêbênting cindhe jo sami | prasamya udhêng putih | gantya wau kang winuwus | duta ajidan prapta | ing Japara wus [wu...]

--- 2: 76 ---

[...s] apanggih | lawan Êtak tutur ing sasolahira ||

58. tuwin andikaning nata | Kapitan Tak sukèng galih | wus budhal saking Samarang | Ki Răngga apan umiring | kang rumêksa ing margi | tundhan lawan panganipun | datan kawarnèng marga | ing Kênêr pan sampun prapti | ya ta rêrêm Ki Răngga atur uninga ||

59. wus katur marang narendra | yèn Kapitan Êtak prapti | anèng Kênêr saha bala | rêrêb ngasokkên wadya lit | sang nata animbali | Sindurja ingkang tinuduh | karyaa pasanggrahan | ing Banyudana dèn aglis | yèn wus dadya Si Êtak sira undanga ||

60. sira Arya Sindurêja | pan sampun anandhang wêling | ngirid punggawa têtiga | ing Banyudana wus prapti | karya pakuwon dadi | sigra aputusan sampun | Ki Arya Sindurêja | ing wau mantri kêkalih | mring Ki Răngga Êtak kinèn ngenggalêna ||

61. Kapitan Tak ingaturan | marang Ki Răngga Samawis | saking ing Kênêr wus budhal | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn obong-obong dalu | pasowan kidul ika | saha surakira atri | loking kathah Surapati ngamuk rampak ||

62. ya ta wau lampahira | Kapitan Êtak wus prapti | Toyadana saha bala | ya ta wus apanggih nuli | lan Arya Sindurjèki | sadaya sarêng cumundhuk | binêktèng pasanggrahan | wus tata sami alinggih | Kapitan Tak alon dènira anabda ||

63. radèn manira dinuta | jendral myang para ratpêni | anuhun pun Surapatya | kyèh dosanya mring Kumpêni [Kumpê...]

--- 2: 77 ---

[...ni] | lan jendral angaturi | kintun renda myang baludru | punapa ta maksiha | kang aran pun Surapati | Radèn Arya Sindurja lon dènnya mojar ||

64. inggih taksih sring kêtingal | nanging si botên dêdasih | dhatêng gusti sri narendra | kang wasta Ki Surapati | wontên rêkyana patih | nênggih pangawulanipun | kala tuwan utusan | jendral angaturi tulis | sawingkinge pinundhut Ki Surapatya ||

65. karsane sri naranata | kasrahna dhatêng Kumpêni | pun Surapati bêbandan | nanging rahadèn apatih | sangêt dènnya ngukuhi | apan sêdya barêng lampus | lawan pun Surapatya | dadya băngga ing narpati | lah punika Kumpêni botên miyarsa ||

66. yèn Radèn Anrangkusuma | mangkya mêngsah sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ta ing dintên wingi | sêdya angamuk puri | mêdal ing pasowan kidul | pan sampun ingobongan | yèn sampuna enggal prapti | jêng pangeran têtulung dhatêng kang raka ||

67. kadi kalampahan bêdhah | kadhaton ing dintên wingi | sira Tak grêgut miyarsa | têpiyonira binanting | sarwi anaut rawis | Kapitan Tak sarwi muwus | hèh Radèn Sindurêja | antinên sadina benjing | Surapati wus karêgêm ngastaningwang ||

68. apan sampun sinagahan | sagunging wadya Kumpêni | marang Arya Sindurêja | datan kawarna ing ratri | wuwusên sri bupati | animbali punggawa gung | kang rayi ingandikan | Pangeran Pugêr wus prapti | pan angirid sagunging para nayaka ||

69. sapraptanira ing pura | ing ngarsane sri bupati | dyan Surapati

--- 2: 78 ---

ngandikan | lan radyan rêkyana patih | sinandi lampah silib | mêdal ing pasowan kidul | wus prapta ing jro pura | ing ngabyantara narpati | tuwin sagung para dipati sadaya ||

70. sang nata alon ngandika | hèh yayi mas Adipati | Pugêr paran karsanira | kang rayi matur wotsari | sumăngga ing narpati | kawula dhèrèk sakayun | nênggih pun Surapatya | tan gumingsir siyang ratri | pêjahipun katura paduka nata ||

71. sang nata malih ngandika | iya mêngkono ta yayi | Si Adipati Madura | kalawan Si Surawèsthi | karo ngong srahi kardi | dèn samapta sesuk esuk | anggusah Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lan Si Arya Sindurêja ||

72. poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | ingsun pan arsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Si Êtak benjing | adunên ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung wêwêling narpati | Surapatya wau kang dinuk ing tingal ||

73. mangsah ing ngarsa narendra | pan sarwi tampi wêwêling | mangrêpa nêmbah suku sang | lèngsèr sing ngarsa narpati | miwah rahadèn patih | wus tampi pitungkas tuhu | rahadèn nulya mêdal | miwah sagunging dipati | Jêng Pangeran Pugêr mundur saking pura ||

 


Tanggal: toya muluk obah sêsangkane (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. (kembali)
Lebih satu suku kata: sampun rawuh sajroning nagari. (kembali)
satunggil. (kembali)
api. (kembali)
tinggalên. (kembali)
pun. (kembali)