Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 01–10)
1. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 30–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 36–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
7. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
8. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 51–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Babad Mantaram
--- [0] ---
R. Ng. Wăngsadilaga
Babad Mantaram Sultan Ngulaga[1] dumugi pjahipun Trunajaya.[2]
--- [1] [1] ---
1. Asmarandana
1. purwaning tyas nawung brangti | panêdhakirèng pustaka | Babad Mantaram karsane | anênggih Kangjêng Pangeran | Arya Cakradiningrat | jinugag panêdhakipun | nalika jumênêngira ||
2. Sultan Ngalaga Mantawis | srat babad panêdhakira | anuju Sêtu dinane | ping slawe prah wulan Arwah | Ehe windu sangara | yèn ing surya mangsanipun | lagya rêndhênging kêsanga ||
3. pawukonira nujoni | wuku gumbrêg măngsa dhêstha | pan maksih jaman wartane | sêngkalanira ingetang | nênggih sêngkêranira | dipăngga girining ratu |[3] nagari ing surakarta ||
4. panêdhakirèng kintaki | babade nagri Mantaram | nalika pun jumênênge | Kangjêng Sultan ing Karapyak | kang sinêmbah Ngalaga | nêgih[4] nagari Mantarum | Kitha Agêng kadhatonnya ||
5. sampun jumênêng narpati | ing Mantaram awibawa | mantri agung suyud kabèh | miwah ingkang kulawarga | tan wontên kang cawêngah | amung putra kang pambayun | ingkang cawêngah ing driya ||
6. Adipati Pugêr nênggih | sadhèrèk pambayunira | Pangran Pugêr kang pangraos | kalamun nora sêmbada | anèng nagri Mantaram | sang nata alon amuwus | alah kaki Măndaraka ||
7. kangjêng rama Mangkubumi | kadipundi karsa dika | dene pun kakang karsane | Pangeran Pugêr punika | sêdyane kakang êmas | kêdah jumênênga ratu | cêcangkok nagri priyăngga ||
8. ing Dêmak dipun karsani | kêdah wisma anèng Dêmak | punika kangmas karsane | Pangran Mangkubumi ika | Dipati Măndaraka | ingkang prasami umatur | gih ki jêbèng atur ingwang ||
9. pan tinurutan anênggih | sakarsane raka dika | samya tinantunan kabèh | wong agung kang tuwa-tuwa | prasami nulusêna | Pangeran Pugêr puniku | pantês têtandhon nagara ||
--- [2] 2 ---
10. gancanging caritanèki | Pangeran Pugêr saksana | mring Dêmak wau karsane | nulya jumênêng dipatya | anèng nagari Dêmak | lan sakulawarganipun | wus jinunjung lungguhira ||
11. ênêngna datan winarni | kocapa sri naranata | ing Mantaram kadhatone | sineba wadya punggawa | ya ta nalikanira | wontên ingkang rayi wau | kêkalih samya diwasa ||
12. ing mangkya jinunjung linggih | kalawan Ki Mas Têndoga | jinunjung linggih arane | Dipati Pugêr namanya | miwah ari pamêkas | awasta Ki Mas Kêdhawung | arine waruju pisan ||
13. pan sampun jinunjung linggih | Dêmang Tanpanangkil ika | pan sampun jumênêng karo | ênêngna nagri Mantaram | kawarnaa ing Dêmak | Pangeran Pugêr puniku | pêpatihira satunggal ||
14. nênggih dipati ing Gêdhing | ing Dêmak wau sineba | Pangran Pugêr ing Dêmake | pêpak mantri kang sewaka | miwah para santana | prasamya jêjêl supênuh | andhèr lir prawata sêkar ||
15. salèr gunung Kêndhêng sami | wus kerup dening wong Dêmak | singa băngga iku kang wong | rinayah rajadarbèknya | Dipati Pugêr Dêmak | tan seba dhatêng Mantarum | mring kang rayi sri narendra ||
16. pirang taun laminèki | Pangeran Pugêr ing Dêmak | datan seba ing karsane | dhatêng ing rayi sri nata | ing cipta sêdya owah | ênêngêna tan winuwus | wau ta Natèng Mantaram ||
17. miyos sineba pra mantri | sang nata wus ingaturan | yèn ing padesan kabèh |[5] salèr ardi Kêndhêng ika | sampun kerup mring Dêmak | sang nata ngandika asru | wruhanira wong ing Dêmak ||
18. nadyan dèn irupa sami | saloring Kêndhêng pra desa | miwah kidul Kêndhêng
--- [3] 3 ---
kabèh | salor gunung Kêndhêng iya | ingsun tan arsa cêgah | iya ing pangidhêp ingsun | iya kangmas iya ingwang ||
19. ya ing Dêmak ya Mantawis | inggih kaki Măndaraka | punapa kaki karsane | yèn suwawi karsa dika | kakang mas Pugêr Dêmak | kula aturi tumanduk | dhatêng nagari Mantaram ||
20. kula lami tan kapanggih | langkung ing sumêlang kula | lawan kula pasrah kabèh | salèr ardi Kêndhêng ika | kula pasrah ing Dêmak | lan sakidul wukir iku | samya ngidhêpa mring Dêmak ||
21. ing mangke kawula ajrih | wêwêlinge ingkang swarga | sintên miwitana awon | sampun amanggih raharja | Dipati Măndaraka | alon dènira amuwus | gih jêbèng kula sêmbada ||
22. lah ki jêbèng Mangkubumi | lah ki jêbèng Singasêkar | puniku sami karsane | dadya prasamya angucap | sadaya tan prayoga | ing atur kawula wau | kawula têdha patuta ||
23. ri sampunnya mangkanèki | sri narendra ing Mêntaram | anulya utusan age | matur mring kang raka Dêmak | tan kawarna ing marga | prapta ing Dêmak tumanduk | ki dipati tan lumampah ||
24. enggal carita wus prapti | wus katur sri naranata | nanging tan lumampah age | ing wasana ping sakawan | dènira aputusan | arsa ngrêbut jênêng ratu | anèng nagara ing Dêmak ||
25. sri bupati ing Mantawis | ing mangkya amêpak bala | sang nata ngandika alon | wruhanira wong Mêntaram | si kakang Pugêr ika | ayun gêguyon lan ingsun | anyoba kuwanèn ingwang ||
26. Dipati Mandraka angling | hèh ki jêbèng karsa dika | punapa ngawaki dhewe | andika dhatêng ing Dêmak | yèn pênêdipun uga | sampun dika tumut-tumut | sampuna dening santana ||
27. sri naranata lingnya ris | undhake karsa manira | panggiha pun kakang dhewe | Adipati Puger ika | adawa yèn kawarna [ka...]
--- [4] 4 ---
[...warna] | angadêg gêgamanipun | sêsungute ing ayuda ||
28. nulya bubar tan asari | gêgamane wong Mêntaram | tan winarna ing lampahe | wus prapta nagri ing Dêmak | sampun ayun-ayunan | campuring rana gumuruh | kadya ombaking samodra ||
29. pan long-linongan kang jurit | surake kadi ampuhan | têngara umyung swarane | gumêr lir karêngèng wiyat | Dipati Gêndhing Dêmak | kasambut rana ing pupuh | mustaka nulya tinigas ||
30. kasoran prang Dêmak sami | Dipati Panjêr kesinan | Dipati Panjêr sira ge | ajrih tumuli lumajar | binuru katututan | wus binănda winayuyung | Adipati Panjêr ika ||
31. Dipati Dêmak puniki | saksana ngawaki ngrana | sêdyane angamuk dhewe | wus prapta anèng ngayunan | kesisan dening bala | Pangran Pugêr sigra ngamuk | tandange lir singha rodra ||
32. para Dipati Mêntawis | kang katrajang bubar-bubar | sakalangkung prakoswane | tan ana braja tumama | langkung prawiranira | punggawa Mantaram agung | prasamya angagêm canggah ||
33. Pangran Pugêr nêmpuh aglis | nulya sinosog ing canggah | kinêpung punggawa rame | rêbah gya sinikêp sigra | anulya pinusara | cinde kêmbang tangsulipun | binêkta mring pasanggrahan ||
34. Sri Naranata Mêntawis | saksana anulya budhal | saking pasanggrahan bodhol | umantuk dhatêng Mantaram | Dipati Panjêr ika | tinuwêg anèng dêlanggung | jisime binuwang jurang ||
35. aglising carita prapti | têpis iringing Mantaram | enjang wau ing praptane | Dyan Pangeran Pugêr ika | sawadyabalanira | pinarnah wontên ing Kudus | pinarnahakên saksana ||
36. anênggih kilèn masigid | Pangeran Pugêr wismanya | ingkang anak putu kabèh | sadaya samya tut wuntat | sami priya sêdaya | anênggi[6] sêngkalanipun | rêksa paksa tata jalma |[7]|
37. sri bupati ing Mantawis | lagya miyos siniwaka | Lurah Ganjur ing wastane | nênggih Ki Kadamastaka | tinanêm [ti...]
--- [5] 5 ---
[...nanêm] nagri Dêmak | sarta sinungan jêjuluk | Ki Tumênggung Suranata ||
38. wau ta Sultan Mantawis | tan ana sumêlangira | eca kang manah kabèhe | wontên kang raka satunggal | kêkutha wus prayoga | sajroning Mantaram iku | Pangeran ing Jagaraga ||
39. kathah ingkang wayah mangkin | tumut Pangran Jagaraga | ingkang kinarya pamomong | awasta Pangeran Răngga | priyayi ing Karanggan | mantri jagani pakêwuh | Ngabèi Malangsumirang ||
40. lan Ki Panji Wirabumi | lan Ngabèi Nayahita | lan para lêlurah kabèh | awasta Suranggamrêta | lawan pun Gêniroga | katigane Ki Lumayu | sakawanipun Ki Sapta ||
41. kaping gangsalipun nênggih | awasta pun Alahuga | kaping nême ing wastane | lêlurahe Ki Andaka- | prana lawan Ki Singa | Ki Darpa lan Singaranu | Ki Sumêngit kaping sanga ||
42. Mantri Kajêragan nênggih | kandhaga lante sêkawan | lêlurah sêkawan kabèh | prasami apirêmbagan | kalawan kancanira | sêmunipun datan patut | dhumatêng Sunan Mangkurat ||
43. dadya ingkang para mantri | samya rêmbag marang Dêmak | Pangeran Răngga karsane | pamomone Kajêragan | sampun angajak nêmbah | sigra sami lolos dalu | prasamya têlas sadaya ||
44. priyayi Jêragan sami | angungsi dhatêng sang nata | miwah para lurah kabèh | pan samya ambyuk sadaya | ngaturkên pêjah gêsang | sami tinampanan sadarum |[8] dening Sang Nata Mantaram ||
45. Pangeran Jaraga nênggih | angrasa kaduwung ing tyas | dene cawêngah karsane | ing parentah sri narendra | angraos yèn kapiran | tinilar mring mantrinipun | gêgêtunira kalintang ||
46. dadya ing nalika enjing | prapta utusan sang nata | kandhaga lante kathahe | sadaya binêdhol sigra | wau kang samya prapta | anulya binêkta mantuk | dalême jinarah têlas ||
47. Pangeran Jaraga aglis | anulya
--- [6] 6 ---
binêkta medal | saking jro Mêntaram age | binêkta mangulon ika | amung awak sapata | pinarnah masigid wau | anèng kanan nora lama ||
48. anulya ingalih malih | pinarnah ing pulo liyan | ing pulo Brambang namane | kidul kilèning Mantaram | sêmana sinêngkalan | tanpa guna gati wau |[9] dèn samya èngêt ing nala ||
49. nêngêna datan winarni | kocapa Rajèng Mantaram | miyos sineba wadyandhèr | pêpakan para punggawa | sri narendra ngandika | hèh sakèhe wong Mêntarum | pirsakêna ujar ingwang ||
50. sakathahing wong Mêntawis | padha sira pirsakêna | sasedane ramaningong | singa ingkang sêdya ala | aywa nêmu raharja | lawan paman Răngga iku | lan si kakang Kajêragan ||
51. ri sampuning lami-lami | Pangran Mangkubumi ika | apêputra wolu kaot | langkung sihe sri narendra | jinunjung lungguhira | jumênêng dipati iku | Sokawati jênêngira ||
52. pangeran ing Sokawati | Ki Mas Pêthak namanira | wus jinungjung lêlungguhe | sampun jumênêng dipatya | sampun sinungan prênah | anèng nagara Madiyun | têtêp jumênêng dipatya ||
53. sarta sinungan pêpatih | nagri Madiyun samana | suyud satăndhamantrine | pangeran ing Singasêkar | puputra jalu pelag | Radèn Wijil wastanipun | jinunjung ing lungguhira ||
54. wasta Arya Wiramantri | pinarnah ing Pranaraga | amutêra sakathahe | ing nagara Pranaraga | ri sampunnya mangkana | para sêntana sêdarum | sadaya sinungan prênah ||
55. kang raka sri narapati | kêkasih Pangran Juminah | punika ta panggulune | kang raka sri nara nata | putranipun satunggal |
--- [7] 7 ---
pan sampun jinunjung lungguh | nama Dipati Balitar ||
56. miwah saprakara malih | Adipati Măndaraka | sakawan kèhe putrane | têtiga kang sami priya | èstri namung satunggal | punika wuragilipun | wondene kang atuwa |[10]|
57. Pangran Maduraka nênggih | punika ingkang atuwa | wondene kang panggulune | Pangeran Juru wastanya | Wirapraba punika | Pangran Jurukithing iku | punika ingkang panêngah ||
58. wuragilipun pawèstri | akrama angsal dipatya | ing Batang ika ênggone | Pangeran Madurarêja | putranipun sakawan | kêkalih jinunjung lungguh | dene putra ingkang tuwa ||
59. ingkang asêpuh pribadi | Pangeran Madurarêja | anadene ingkang anom | ran Pangeran Upasanta | sigêgên ta sêmana | ing mangkya ingkang winuwus | Pangeran ing Upasanta ||
60. atmajanipun sang aji | punika ingkang winarna | pan cinatur sadayane | putranipun pan lêlima | èstri ingkang satunggal | catur ingkang jalu-jalu | putrane sri naranata ||
61. ingkang tunggil ibu sami | punika amung têtiga | Rahadèn Rangsang kasihe | punika pambayunira | Radèn Wandhan panêngah | Rahadèn Mênêng waruju | punika ingkang taruna ||
62. tunggil ibu pangran kalih | kang kêkalih datan nunggal | apan iku dhewe-dhewe | Pangran Arya Natapura | apan ta nandhang gêrah | apan sêne gêrahipun | Pangran Arya Natapura ||
63. putrane amung satunggil | awasta Rahadèn Cakra | sasampunira ing mangke | ya ta Sang Natèng Ngalaga | sangêt dènira gêrah | ing Karapyak dènnya surud | para putra samya molar ||
64. sedane dèn sêngkalani | sanjata tri bayu tunggal |[11] ri sampunira sinare | ingkang jumênêng sakêdhap | Pangeran Natapura | kêkudangane rumuhun | kang rama sri naranata ||
65. Dipati Mandraka angling | marang Pangran Natapura | sira lumungsura [lu...]
--- [8] 8 ---
[...mungsura] age | kakangira Pangran Rangsang | jumênênga narendra | Pangran Arya Natapura nurut |[12] ing karsanira kang eyang ||
66. sêntana para bupati | sami ngèstrèni sadaya | Pangran Rangsang madeg katong | punggawa mantri Mantaram | ngèstrènana dêgira | miwah kang pandhita agung | jumurung wong sanagara ||
67. kocapa Sang Adipati | Măndaraka wus atuwa | cinatur dawa yuswane | amomong ratu têtiga | Dipati Măndaraka | tan antara nulya surud | sumare anèng Mantaram ||
68. Pangeran Madura nagri | lawan Juru Wirapraba | prasamya seda kalihe | sinarèkkên Pagambiran | ingkang maksih agêsang | Kyai Jurukithing wau | cinatur yuswane panjang ||
69. kocapa sri narapati | ingkang jumênêng Mantaram | kadya kang rama sang katong | sabarang parentahira | jênêngira narendra | kuncara yèn ratu agung | Pandhita Nyakrakusuma ||
70. mila jêjuluk kadyèki | dening sakèhing kusuma | prasamya ngidhêp sang katong | pan nora kênèng têtulah | wus pinanci dening Hyang | sakèhing lêlêmbut suyud | sang nata datan mundura ||
2. Durma
1. kang kocapa wau ta sri naranata | enjing miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | miwah kang kulawăngsa | supênuh ingkang anangkil | wong priyantaka | waos sulam marapit ||
2. kang nambungi wau ta wong priyantaka | wêrgu sulam marapit | dhadhap lawan panah | lêmbing sikêp badhama | wong Wirabraja nambungi | Singanagara | Martalulut nambungi ||
3. mantri anom asisih lan gandhèk kiwa | Jagabaya asisih | lan wong Nyangkragnyana | kalawan Singamarta | Kartiyasa sami nangkil | wong numbak pêthak | Margăngsa anisihi ||
4. Pangran Arya Purbaya lênggah atata | lan Arya Wiramantri | lan Pangran Juminah | lan Pangran Singasêkar | Pangeran Amangkubumi [Amangku...]
--- [9] 9 ---
[...bumi] | Pangeran Rangsang | Pangeran Jurukithing ||
5. Adipati Pringgalaya agya prapta | Dyan Dêmang Tanpanangkil | Dipati Balitar | Dipati Têpasana | lan Dipati Sokawati | Pugêr Dipatya | Madura sami nangkil ||
6. sira Arya Suratanu[13] ingandikan | sira ngluruga aglis | marang ing bang wetan | kabèh wong ing Mantaram | têkakêna runtik mami | lah nindhihana | sira ngataga aglis ||
7. gêgamane sadaya sira parowa | barisira sêpalih | sira anyêlaga | barise wong Mantaram | Mantri Mantaram jênêngi | yèn ana leda | tumbakên saking wuri ||
8. sira Arya Suratani mit anêmbah | miwah kang tăndhamantri | samya asiyaga | sagêgamaning ayuda |[14] asaos karsaning gusti | Sri Amangkurat | ngadhaton ing Mantawis ||
9. sira Arya Suratani sigra prapta | nèng wismanira linggih | lawan para garwa | para sêlir nèng ngarsa | mijil saosane sami | sampun pawarta | garwa sami nungkêmi ||
10. pan dèn atut saduluran pungkur ingwang | ingsun anglurug iki | timbalan narendra | kinèn anjênêngana | Mantri Mantaram kang jurit | sira dèn bisa | suwita marang gusti ||
11. lah kariya mas mirah ingsun kusuma | duh jiwaningsun gusti | sangonana ingwang | gusti layoning sêkar | sun gawene tămba brangti | yèn ingsun pêjah | lah akramaa yayi ||
12. tangisira kakang-kakang sambatira | kawula tumut gusti | kang raka ngandika | nora kêna ta sira | yèn milua ing ajurit | wus pasrahêna | maring Hyang Maha Luwih ||
13. para garwa katiga sami karuna | aningali mring laki | atumut tan suka | samya sungkawanira | waspanya tansah drês mijil | alara-lara | ingaras gênti-gênti ||
14. sigra dandan angrasuk kaprajuritan | Ki Arya Suratani |
--- [10] 10 ---
anyamping samboja | lancingane rinenda | rasukan baludru wilis | cindhe kênonga | paningsêt buntar têpi ||
15. wangkingane nyuriga apan têtiga | ingkang munggwing ing ngarsi | anyothe sêrampang | arja kuluk bathokan | linapis ing bara asri | angiras jimat | sampun têdhak ing jawi ||
16. prajurite para lurah wus siyaga | sakapraboning ajurit |[15] magêrsarinira | tamèng towok myang kantar | tumbak tulup pêdhang tamsir | samya gumêrah | têtêg kêndhang gong bèri ||
17. sigra wau Suratani wus samêkta | amundhut kang turanggi | apan wus samêkta | kêkapannya samêkta | kudanira janjan kuning | wus anèng ngarsa | nulya cinengklak aglis ||
18. budhalira kadi ombaking samudra | pra santana Mantawis | Pangeran Purbaya | Pangeran Singasêkar | myang Pangeran Mangkubumi | Pangeran Răngga | Pangran Pugêr tan kari ||
19. Adipati Pringgalaya sarêng budhal | Ki Dêmang Tanpanangkil | Dipati Balitar | sadaya sampun bidhal | gumêrah kang punang baris | lir wukir kobar | busananing ajurit ||
20. warna-warna daludag kang anèng ngarsa | ing wingking pra dipati | Tumênggung Mantaram | Tumênggung Patrabăngsa | lawan Panji Wirabumi | Kyai Tawêngan | Ngabèi Jagapati ||
21. Ki Ngabèi Alap-alap munggèng ngarsa | Ki Arya Suratani | ingkang munggèng têngah | sagung para sêntana | prasamya lumampah wingking | bala pangarsa | anjog jabaning taji ||
22. ing Mantaram sri narendra siniwaka | pêpak kang tăndhamantri | Arya Jasupănta | ngandikan praptèng ngarsa | sira lumakua aglis | nusula sira | mêrpêkana ing jurit ||
23. tur sandika Jasupănta amit nêmbah | nusul lampahe aglis | lir prawata sêkar | untabe kang gêgaman | gancanging carita prapti | wau ki arya | sakiduling Kadhiri ||
24. samya obah sakathahing wong brang wetan |
--- [11] 11 ---
myarsa tiyang Mantawis | tumindak mangetan | wong Japan Wirasaba | Pasuruan myang Kadhiri | wong Surabaya | prasami mêpak baris ||
25. kagegeran sadaya nagri bang wetan | ana kang ngungsir wukir | awayang-wuyungan | ana kang ngungsi jurang | ênêngêna kang winarni | gantya kocapa | wadya Mantaram sami ||
26. ing Winongan sawetaning Pasêdhahan | Ki Arya Suratani | mangkya angandika | sira Alap-alapan | sira ngirida baris |[16] mantri sakawan | mênyanga Ngrênon aglis ||
27. ing Lumajang iku rupêkên dèn enggal | pan ingsun ngetan iki | nulya Alap-alap | ngirid lante sakawan | dhatêng ing Rênon sêdyèki | glising carita | praptèng Rênon pan enjing ||
28. pan asuwung kutha ing Rênon punika | samya ngungsi mring wukir | kantun rajabrana | kêbo sapi agêlar | sadaya dipun jarahi | kitha Lumajang | pan sampun dèn bêsmèni ||
29. Ki Tumênggung Alap-alap nèng Lumajang | sampun satêngah sasi | nulya mundur sigra | Tumênggung Alap alap | datan kawarna ing margi | prapta Winongan | sami seba pan asri ||
30. Dyan Ki Arya Suratani angandika | hèh Alap-alap aglis | sira angirida | mantri sêkawan ika | gêpukên ing Malang aglis | kang pangandika | kangjêng sri narapati ||
31. Ki Tumênggung Alap-alap aturira | Pasêdhahan puniki | punapa ing karsa | botên pantês binêdhah | angandika Suratani | kulup pan ora | winêkas mring narpati ||
32. radyan êmas bêkti putra Surabaya | kang jumênêng dipati | anèng Pasêdhahan | ki dipati lumaywa | dhatêng kitha Surabanggi | nanging kang rama | butarêpan ing galih ||
33. ingkang rama Ki Tumênggung Kapulungan | mangke ingkang nindhihi | lah Ki Alap-alap | enggal sira mangkata [mangka...]
--- [12] 12 ---
[...ta] | sira bubara kariyin | Ki Alap-alap | anulya bêndhe aglis ||
34. tan antara gêgamane sigra budhal | saking Winongan enjing | ngalurug mring Malang | tan kawarna ing marga | wus prapta atata baris | kutha ing Malang | nulya kinêpung wani ||
35. wong ing Malang samya angêkên jro kitha | nênggih Kyai Ngabèi | Tohjiwa namanya | adipati ing Malang | wus lolos ing têngah wêngi | bala tinilar | mêtu marganing warih ||
36. sarêng mêdal palayunira mangetan | mring Lumajang wus prapti | nêngêna ta ika | kawarnaa dyan enjang | wong Mantaram nuli aglis | ngrampit ing kitha | sigra dipun inggahi ||
37. apan ora ginêpuk kitha ing Malang | rawuh dipun ecani | wadya ing Mantaram | prapta madyaning kitha | gumêrah swaraning tangis | binêkta mêdal | kitha dipun bêsmèni ||
38. wong Mantaram prasamya andum jarahan | boyongan wus giniring | mring wadya Mantaram | lampahnya rêreyongan | age arsa mondhok aglis | ing Tambakbaya | sawetaning Kadhiri ||
39. gêgamaning wong wetan atêtunonan | salor wetan Kadhiri | ing Bêbêr punika | gêlagah tinunonan | sami gita wong Mantawis | de agni mubal | tumingal samya angling ||
40. hèh wong batur iya ikagni apa |[17] prênah lor wetan iki | Tumênggung Lap-alap | mêrpêki pasanggrahan | Arya Suratani angling | hèh Alap-alap | gêni apa kaèksi ||
41. Ki Tumênggung Alap-alap lon saurnya | lah inggih ta kiyai | têtunonan wona | sadaya wong bang wetan | sêdyanira anututi | dhatêng paduka | sêdya angantêp jurit ||
42. sêdyanira wong wetan arêbut lawan | sih Malang kabèh iki | dadya sira Arya | Suratani ngandika | yèn mêngkono dandan aglis |
--- [13] 13 ---
wong bêboyongan | padha sabrangna dhingin ||
43. Sira Arya Suratani gya têngara | wong bang wetan gya prapti | atata barisnya | sami majêng mangetan | anuli dipun bêndhèni | samya kumêrab | baris kilèning kali ||
44. Pangran Panji kang dadya pangawat kiwa | Pangeran Mangkubumi | Ki Arya Mandura | wau samya prayitna | Dipasănta datan kari | prapta sadaya | prasamya ngati-ati ||
45. tan nantara wong wetan prapta sadaya | baris sakidul kali | tan ana nabranga | sami wawas-winawas | arame dènira jurit | wadya bang wetan | lawan wadya Mêntawis ||
46. Ki Ngabèi Katawêngan panasbaran | anulya angaturi | punapa wêkasan | yèn ta amung punika | angling Arya Suratani | hèh wong Mantaram | glis ngurugana kali ||
47. pan gumêrah wong Mantaram kang tumandang | anulya dèn jugrugi | kanan kering jurang | sêmana wus arata | pêlage dipun têgori | bêrsih sadaya | lèpèn dèn karêtêki ||
48. Dyan Ki Arya Suratani gya têngara | obah wadya Mantawis | mangkya sikêp wetan | wikan yèn arsa nabrang | nulya nêsêgakên baris | mapag ing toya | dhêndhêng pinggiring kali ||
49. wong Mantaram pangajênge wus anyabrang | wadya bang wetan aglis | anêmbang têngara | surak kadi ampuhan | kadya ombaking jêladri | têmpuhing yuda | lir udan sinêmèni ||
50. wong Mantaram majêng datan olih papan | pinêlak jroning kali | wadya ing Mantaram | manahira sudibya | akathah ukih-ingukih | kathah wong pêjah | kasusu jroning warih ||
51. lèpènira sêkala mili ludira | kang wuri ngidak wani | mati anèng toya | awor gêtihing kuda | Kyai Arya Suratani | pan sampun pêjah | anèng sajroning kali ||
52. Ki Ngabèi Katawêngan sampun pêjah | Ki Panji Wirabumi [Wira...]
--- [14] 14 ---
[...bumi] | ingkang nandhang brana | Tumênggung Jayabaya | punika panandhang kanin | wadya bang wetan | kondur sami bêdhili ||
53. Kyai Suratani samya ingulatan | anèng sajroning kali | sanak-sanakira | kang sami tumut pêjah | kèhing mayid susun tindhih | adangu sira | Ki Arya Suratani ||
54. Wus kapanggih Suratani jisimira | anèng sajroning kali | nulya binandhusa | kasaput dalu ika | wong Mantaram samya baris | mangetan jêngnya | samya angati-ati ||
55. dyan Wong Agung Mantaram samya rêmbagan | Pangeran Mangkubumi | alon angandika | kabèh wong ing Mantaram | bêcik padha nabrang kali | kulon plabuhan | angambil papan jurit ||
56. Ki Dipati Pugêr alon wuwusira | gih paman Mangkubumi | dede lêlampahan | alit manah kawula | tate angênggoni kali | têngahing rana | punika samya mati ||
57. yèn mêngkono wong batur aja na tinggal | mungsuh maksih aurip | eman si têmbaga | jumênêng adipatya | ing Pugêr anom apêkik | lamun mundura | mêmirang wong Mantawis ||
58. byar raina prajurit sami siyaga | nulya têngara muni | gong maguru găngsa | nulya mangsah ing rana | wadya wetan nrajang aglis | wadya Mantaram | sadaya nêdya mati ||
59. ramening prang kadi lesus nêmpuh parang | surak lan bêdhil muni | angucap ajriha | pêtêng kukus sandawa | riwut kadi têngah wêngi | kang mara pêjah | kang mundur nandhang kanin ||
60. Arya Pulangjiwa prajurit ing Japan | Ki Jala Jagapati | wong saking Madura | sumawita mring Japan | Arya Pulangjiwa luwih | pan nora nana | kaprawiraning jurit ||
61. yèn katiban mimis sajêruk gêngira | kadya dipun pijêti | sigra mangsah yuda | Dipati Tambakbaya | sigra wau nyandhak bêdhil | mimis kancana | sigra amarêpêki ||
62. dyan sinipat wau
--- [15] 15 ---
sira Pulangjiwa | kêna pêthiting alis | macicil netranya | têtakon baturira | hèh batur kaya pa mami | yèn agêsanga | netraningong sasisih ||
63. apa iya dadi cacade wak ingwang | batur alon nauri | kados dadya cacad | upami wontên gêsang | Pulangjiwa asru angling | lah kêncêngana | ambêne jaran mami ||
64. gya anyengklak Pulangjiwa mangsah ngrana | ngêmbat watang ngajrihi | sarwi sumbar-sumbar | lah iki ta rupanya | têliti Jaran Panolih | Pangeran Japan | bêndhenira tinitir ||
65. sampun campuh wong wetan lan wong Mantaram | langkung ramening jurit | Pulangjiwa mangsah | angamuk wong Mantaram | sinosog ing ganjur lêmbing | pan kinathahan | samya ginitik bêdhil ||
66. dat kangkat Pulangjiwa sigra niba |[18] kinarubut wus mati | surak lir ampuhan | surake wong bang wetan | tan ana tinata malih | mawut sadaya | sami lumayu gêndring ||
67. pangamuke para prajurit Mantaram | lir banthèng tawan kanin | wus mawut sadaya | wadyabala bang wetan | kang kacandhak dèn patèni | akèh lumaywa | sadaya sami ngungsi ||
68. Ki Dipati ing Japan sampun lumajar | niba saking turanggi | anusup ing wana | langkung kalunta-lunta | apisah lan wadyanèki | kala sêmana | sêngkalanirèng wani ||
69. kang sanjata palwa kang maruta jagad |[19] ucapên wong Mêntawis | amundur saksana | mantuk dhatêng Mantaram | gancanging carita prapti | kang pra dipatya | nagara ing Mantawis ||
70. sri narendra apan lagya siniwaka | pêpak kang para mantri | sagunging jarahan | wus katur sri narendra | antarane mung sêsasi | Prabu Ngalaga | nêmbang patra tinangkil ||
3. Sinom
1. sri naranata ngandika | mring sakèhing pra dipati | hèh wong Mantaram casawisa [ca...]
--- [16] 16 ---
[...sawisa] |[20] sakapraboning ajurit | ingsun arsa nindaki | mring Wirasaba ing besuk | Dipati Martalaya | ngabêkti matur aririh | sapa sintên paduka ingkang dinuta ||
2. anindaki Wirasaba | jêng sultan ngandika aris | alah iya Martalaya | ingsun dhewe kang nindaki | wau sang Adipati | Martalaya lon umatur | yèn suwawi ing karsa | sampun paduka nindaki | gih sampuna dene kang para sêntana ||
3. para nung-anung sêdaya | apan samya aturnèki | kadi ture Martalaya | nanging tan kadhahar sami | ri saksana sang aji | sigra dènira ngêdhatun | sagung măncanagara | kang kawêngku mring Mêntawis | ingundhangan sadaya samya siyaga ||
4. prasamya pêpak sadaya | saksana budhal kang baris | sajêmbaring ara-ara | pan kèbêkan dening baris | tan kawarna ing margi | prapta sawetan Madiyun | ênêngna[21] kang lumampah | kocapa wong wetan sami | pagunêman Arya Tăndha Wirasaba ||
5. ing Tuban wus ingutusan | dhatêng Dipati ing Tubin | saksana amêpak bala | baita sampun cumawis | ya ta têngara muni | budhal gêgaman nèng nglaut | miwah wadya kang dharat | wus anabrang ing bênawi | kang kocapa wau barising Mantaram ||
6. wus prapta nèng Wirasaba | masanggrahan Rajadadi | prênahe loring kutha |[22] ing Wirasaba nagari | nênggih samadya sasi | Prabu Mantaram nèng ngriku | sikêp dalêm kèh rusak | apan kêna ing gagêring | kawarnaa lampahe Dipati Tuban ||
7. wus prapta ing Surabaya | masanggraha nèng pasisir | nagri brang kidul sadaya | prasamya angati-ati | baris saya gung prapti | kocapa Surabayèku | samăngsa tumindaka | Pangran Surabaya nênggih | akêrigan măncanagara sadaya ||
8. Pangeran ing Surabaya | wau sumêdya nulungi | angayut dipati wetan |
--- [17] 17 ---
pangeran kèwêdan galih | èwêd Dipati Tubin | ngliwati Tubin tan purun | baris sajroning kitha | ing Surabaya puniki | ingkang karsa pangeraning Surabaya ||
9. Dipati Tuban barênga | mangkat lan wong Surawèsthi | anulya sira utusan | kinèn abubar tumuli | ya ta Dipati Tubin | tinundhung pan datan purun | apa wadine baya | tinundhung mulih tan apti | tulung marang Wirasaba tan lumampah ||
10. Pangeran ing Surabaya | tan tega tilar nagari | dene dipati ing Tuban | karya pakèweding ati | dadya kapiran sami | pangeran datan tumanduk | tandang mring Wirasaba | lampahe măncanagari | datan bantu sabab pangran datan tandang ||
11. kocapa ing Wirasaba | ingkang jumênêng dipati | anênggih pangeran arya | apan ta dèrèng ngakrami | umur sadasa warsi | pan agêng riyalatipun | tur pêkik warnanira | dhasar prawira ing jurit | pêpatihe awasta Răngga Pramana ||
12. nanging ina lampahira | lumpuhing laku sinêkti | tanah wetan pan kèringan | atêguh prawirèng jurit | kalamun anindaki | Răngga Pramana tinandhu | prapta wadya Madura | gêgaman sèwu ngajrihi | pan ing dalu lêbête marang jro kitha ||
13. Pangeran ing Surabaya | apan bantoni prajurit | apan sèwu kathahira | nanging lampahira dhêmit | apan nora baribin | wong Tuban nora karungu | prapta ing Wirasaba | lêbêtira madya ratri | manjing kitha mêdal saking wêwingkingan ||
4. Pangkur
1. gantya prajurit Mêntaram | sri narendra nimbali pra dipati | sagunging prawira ngumpul | miwah para santana | sri narendra pangandikanira arum | sakèhe sanak manira | ing mangke manira tari ||
2. hèh ta kakang Martalaya | apadene sakèhe pra dipati | apan [a...]
--- [18] 18 ---
[...pan] ingsun arsa kondur | Martalaya tur sêmbah | nah ing anggèr pun atos-atos karuwun | pan inggih dèrèng kantènan | tiwase kang punang abdi ||
3. umatur Pangran Purbaya | adhuh anggèr pun bapa nuwun pamit | sampun paduka akondur | wontên dayane tuwan | ya ta mèsêm jêng sultan ngandika arum | yèn makatên inggih uwa | kula antos kalih ari ||
4. Pangran Purbaya ngandika | Martalaya aja kakèhan pikir | lah payo gêpukên gupuh | matur Ki Martalaya | lah suwawi panêmbahan nuntên kondur | saking ngarsaning kang putra | prapta pasanggrahan aglis ||
5. Pangeran Arya Purbaya | sigra bêndhe kumrab wadya Mantawis | wau Martalaya gupuh | sigra nêmbang têngara | wong panumping barise sampun akumpul | punggawa lawan sêntana | budhal saking Rajadadi ||
6. abdi dalêm jro tan ebah | mung santana lawan para dipati | ingkang saking lèr puniku | Dipati Pringgalaya | sakathahe wong panumping namung sèwu | ingkang ngrampit saking wetan | Pangran Pugêr kang nindhihi ||
7. myang sagung para santana | Panêmbahan Purbaya kang nindhihi | Pangran Mangkubumi ngumpul | lawan Pangran Balitar | Adipati Pringgalaya sampun ngumpul | kang baris para sêntana | anèng wetan dadi siji ||
8. kang kulon para wadana | ingkang kidul pan datan dèn barisi | ya ta kawarnaa wau | wadya ing Wirasaba | pan wus wikan wong Mantaram ngangsêg purun | Ki Răngga Pramana mêdal | tinandhu ngidêri baris ||
9. wong Wirasaba mêlatar | gêgamane towok kalawan lêmbing | bêngkolang gêgutuk watu | cucuk ibêr-ibêran | tumbak [tu...]
--- [19] 19 ---
[...mbak] ganjur amayungi anèng pungkur | kalatoka bêdhil rangkang | mariyêm nèng balowarti ||
10. wong Mantaram nêmpuh kutha | pan kumrutug bêdhilira kang muni | wong Mantaram ngrangsang purun | pêngkuh wong Wirasaba | nora kangkat dening kandêl bètèngipun | wong Mantaram dadya lesan | dèn sipati saking nginggil ||
11. mimis tiba kadya udan | wong Mantaram kèh mati kênèng mimis | kêna bedhor dening pusur | surak kadya ampuhan | wong Mantaram dadya mundur kathah tatu | kasaput wêngi samana | dadya mundur kang ajurit ||
12. ing dalu datan kocapa | wong Mantaram sami gunêman pikir | dening yuda abotipun | wadya ing Wirasaba | pra dipati wau karsane anamur | Ki Dipati Măndaraka | anamur awor pêkathik ||
13. pêkathike Wirasaba | apocapan cabare wong Mantawis | ambêdhah kutha tan butul | iku lamun inyonga | pan tinotol ing galugu bae rubuh | sajêglugan bae bujat | kang sawiji ana angling ||
14. ing manira iki baya | ngong andhani kutha saking ing nginggil | ana marganya angamuk | yèn nora mangkanaa | ingong gangsir saking ngadhap kutha iku | Adipati Martalaya | miyarsa suka ing galih ||
15. nulya mantuk undhang-undhang | Martalaya marang wadyane sami | sami kinèn mèt galugu | sawinèh gawa ăndha | kang sawênèh gawa paju linggis pacul | kinarya gangsir punika | prasamya anggangsir siti ||
16. anulya nêmbang têngara | Martalaya wadyanya golong pipis | angring sing kutha gumêrgut | nulya wong Wirasaba | wus malatar barise wong wetan nêmpuh | para santana Mantaram | pangamuke golong [go...]
--- [20] 20 ---
[...long] pipis ||
17. kang kulon para dipatya | sarêng mangsah wong kitha anadhahi | anglir udan awor lesus | gugup wong Wirasaba | wong Mantaram ingkang gowo linggis pacul | samya anggangsir jro kitha | anggawa ăndha ngunggahi ||
18. bingung wadya Wirasaba | wong Mantaram pangamuke angungkih | Dipati Martalayèku | kutha lor wus binêdhah | pan gumêrah wadya Wirasaba gugup | bodhol mangidul srang-srangan | wong anom sami nututi ||
5. Sinom
1. Răngga Prêmana kacandhak | tinigas jangganirèki | ingkang ngêpung saking wetan | wikan yèn bêdah tumuli | anulya dèn pêgati | Pangran Wirasaba wau | kacandhak wus binănda | ingkang tali cindhe wilis | wus jinarah kadatone ingobongan ||
2. wong wadone binoyongan | gumrah swaraning kang tangis | pan sampun binêkta mêdal | tinon kadya kêbo sapi | glising carita prapti | Kanjêng Sultan nulya kondur | dhatêng kitha Mataram | kunêng ta wau rumiyin | Kyai Răngga jisime binêkta mêdal ||
3. pinêrnah salèring kitha | sarta tinêngran kêkitir | muni yèn Răngga Pêrmana | anulya pinêtak aglis | kocapa Japan malih | mêdal saking kithanipun | dhatêng ing Surabaya | arsa anundhung wong Tubin | ingkang baris anèng kitha Surabaya ||
4. Dipati Tuban wus wikan | yèn Dipati Japan prapti | sêksana Dipati Tuban | wus abubarakên baris | arsa mantuk ring Tubin | sampun anumpak parau | miwah wadya kang dharat | kalintang Japan wong Tubin | apan nganti sêmana duk sinêngkalan ||
--- [21] 21 ---
5. taksaka tiga punika | Sultan wus praptèng Mêntawis | ing kadaton binacingah | wus antara kalih sasi | kocapa nagri Tubin | wus mêpak gêgamanipun | Patih Jayasantana | namane Pêpatih Tubin | dyan umatur kawula arsa ngluruga ||
6. nagari wetan punika | sadaya arsa mbantoni | sigra anêmbang têngara | bidhal saking nagri Tubin | datan kawarna margi | prapta nagri Singasantun | dhusun ing Kamayaran | sadaya samya angili | dipatine ing Singasari punika ||
7. Ngabèi Wirakusuma | pan sampun ngaturan uning | yèn mêngsah tuwan kumêrab | sêdya gêcak Singasari | Patih Jayasontèki | ing tuwan kang ngirit laku | dadya ngabèi sira | Wirakusuma ing mangkin | arsa mapag ing mungsuh datan kawawa ||
8. Ngabèi Wirakusuma | lumayu lolos ing wêngi | ing Singasari tinilar | wus sumuyut ing nagari | gêgaman Tuban prapti | ing Singasari wus umur | Kyai Jayaprasanta | cuwa manahe tan sipi | nulya bubar Kyana Patih Jayasanta ||
9. Kyana Patih Jayasanta | apan asra gêcak Pathi | prapta jajahan Santênan | wong desa katrajang ngili | nanging Jayasontèki | graita manahnya mangu | mandhok sakidul kitha | kalapa kêkuncung iki | kyana patih ing Pathi ngrasa kasoran ||
10. Dipati Pathi utusan | asung wruh dhatêng Mantawis | wus katur ing Kanjêng Sultan | saksana kinèn mbantoni | Alap-alap tinuding | mangkat saha balanipun | lampahe Alap-alap | wus prapta jajahan Pathi | baris Tuban lolose ngalor angetan ||
--- [22] 22 ---
11. duk samana binabadan | amanggih dhăngka butèki | wong Tuban numpak ing palwa | lawan wikan wong Mêntawis | punika bantu Pathi | Alap-alap wastanipun | prajurite Mêntaram | kang nate bêdhah nagari | wong ing Tuban wus prapta nagaranira ||
12. wau ingkang kawarnaa | pangeran ing Surawèsthi | sagunging para dipatya | ingkang kidul dèn utusi | Dipati Japan prapti | Pasêdhahan sarêngipun | ngirid mancanagara | wus prapta ing Surawèsthi | wong pasisir brang êlor samya utusan ||
13. nagari salèring kitha | Sampang Balega tan kari | Sumênêp lawan Mêkasan | sadaya prasamya cawis | sampun anyabrang warih | prapta Surabaya wau | miwah wong Surabaya | sadaya amêpak baris | adipati ing Tuban sampun siyaga ||
14. ing Nglasêm samya putusan | marang dipati ing Tubin | pan sampun sami sêmayan | pangeran ing Surawèsthi | sêdya gêcak Mantawis | wus kumpul sêdayanipun | wong Sampang lan Balega | ing Sumênêp ari banggi | samya budhal lan Pangeran Surabaya ||
15. dadya wong sadaya sêdya | umampir dathêng ing Giri | prasamya ngujung astana | ri sampunnya mangkanèki | prasamya seba aglis | dathêng Panembahan Gunung | panêmbahan wus tuwa | ing pangandikanira aris |[23] paran kabèh karsane para dipatya ||
16. pangeran ing Surabaya | lan Dipati Singasari | apan ta aris aturnya | kawula anuwun pamit | sêdya kawula panggih | nuwun pangèstu sang wiku | arsa gêpuk Mantaram | sêdyane kang pra dipati | angêndhakna [a...]
--- [23] 23 ---
[...ngêndhakna] marang Sang Raja Mantaram ||
17. Jêng Sunan Giri ngandika | sabdanya arum amanis | ing mêngko pan dèrèng măngsa | angluruga mring Mantawis | Pangeran Surawèsthi | Pangran Singasari matur | pun abdi samya bela | kalawan Dipati Tubin | miwah sira kinait Dipati Pajang ||
18. karsane Dipati Pajang | ing benjang miyosi jurit | ambalik mungsuh Mantaram | anumbaki saking wuri | Sunan Giri lingnya ris | mokal bêdhaha Mantarum | wong nagara ing wetan | angiliya mupung mangkin | nora wurung binoyong marang Mantaram ||
19. Panêmbahan Giripura | mèsem angandika aris | yèn mangkono karsanira | dèn padhaa ngati-ati | sun pasrahkên Hyang Widhi | satidakira puniku | sigra para dipatya | pamit sarwi atur bêkti | nulya budhal sagung kang para dipatya ||
20. padha nindhihi gêgaman | sabaturira pribadi | bandera awarna-warna | datan kawarna ing margi | panggih Dipati Tubin | apan samya akêkuwu | samana pagunêman | angrasani ing ajurit | ngambil papan adandani ingkang rata ||
21. ya ta wau kawarnaa | Kajinêman ing Mantawis | kinèn suwita mring Tuban | Randhuwatang wastanèki | julig tate anêlik | lamine wus kalih taun | kalangkung kinasihan | marang dipati ing Tubin | saature Ki Randhuwatang dhinahar ||
22. sagunging para dipatya | samya rêmbagan ing margi | pangulah wetan aturnya | punika margi Garêsik | salèring Saosragi [Sao...]
--- [24] 24 ---
[...sragi] | ing Sokawati jogipun | puniku papan wiyar | lawan botên kirang bêkti | ing Garompol sae papane awiyar ||
23. marga aradin arata | lawan botên kirang bukti | lèpèn agêng turut marga | nulya anjog ing Sêmanggi | Pangeran Surawèsthi | ing Singosari amuwus | lah saliyane ana | manawa na marga radin | nulya matur pangulah wetan sadaya ||
24. wontên margi lèr punika | ing Nglasêm jogirèng Pathi | kapering nagari Dêmak | punika inggih aradin | wadya kathah binukti | tan kira[24] tur kathah banyu | Pangeran Surabaya | pangandikanira aris | iya iku pangulah măncanagara ||
25. manawa na marga liyan | sawruhira marga malih | nulya Ki Randhu saksana | miyarsa aturirèki | maras manahirèki | angrasa tan iku |[25] kathah wadya bang wetan | akêdik wadya Mantawis | yèn kudaa nèng papan jêmbar kawratan ||
26. wong Mantaram pan kabotan | kukulan jajahannèki | mangkana Ki Randhuwatang | umatur sami bêbisik | dhatêng Dipati Tubin | lah inggih gusti pukulun | kalangkung dening salah | ature têlik ing Tubin | inggih dede yèn sampun nurut punika ||
27. wau dipati ing Tuban | nambungi wacana manis | umatur marang pangeran | kawula agadhah têlik | manawi tan udani | kang margi sae puniku | wasta pun Randhuwatang | pangeran ngandika malih | lah ta Randhuwatang ingsun jaluk dalan ||
28. adawa yèn cinatura | ature sakèhing têlik | Pangeran ing Surabaya | angidhêp têlik ing Tubin | abênêr dadi sisip | Pangran Surabaya bêndu | hèh bocah sira
--- [25] 25 ---
enggal | cêkêlên si juru têlik | karya apa angawulakna wong tiwas ||
29. nora bêcik aturira | Subalina angapusi | Ki Jinêman loro samya | anulya dipun talèni | sinaosakên aglis | pangran angandika asru | lah iya uwisana | kêkalih pating karêmpis | mêgap-mêgap ature Ki Kajinêman ||
30. botên ajrih kula pêjah | badan katura mring gusti | awlas marang gustiningwang | panuruta[26] wong ing Tubin | ri sampunnya kang abdi | wong kula kalih sinuduk | wus samya kapisanan | kawarnaa sarêng enjing | Pangran Surabaya anêmbang tangara ||
31. wus budhal sagung gêgaman | kêndhang gong kalawan bèri | sakèhing para dipatya | samya anindhihi baris | gumrah turăngga èsthi | awor krêbêting lêlayu | sajêmbare ra-ara | kaèbêkan dening baris | pan galagah ingindak dadi warata ||
32. wana dadya ara-ara | kabèh bala kibir sami | kang sawênèh bala ngucap | wong batur sadina iki | bêdhah kutha Mantawis | sasat karubuhan gunung | kalêbu ing sagara | nora wande bocah-bocih | nora wurung besuk mundhut lara kênya ||
33. yèn wus bêdhahing Mantaram | batur aja ana mulih | padha banjura sêsawah | ana ing Mantaram benjing | yèn wis dadi kang pari | rabimu boyongên maktuk[27] | Arywa Pangeran Japan | mèsêm angandika aris | iya talah pan ingsun pasrah Hyang Suksma ||
34. kaya tan saea gêsang | panêdhaningsun Hyang Widhi | yèn ora bêdhah Mantaram | ingsung sêdya mati jurit | ênêngna kang lumaris | agantya ingkang winuwus [wi...]
--- [26] 26 ---
[...nuwus] | Kanjêng Sultan Mantaram | enjing duk miyos tinangkil | pêpak andhèr santana para punggawa ||
35. kanjêng sultan wus miyarsa | yèn wong wetan anêkani | Pangeran ing Surabaya | lawan Dipati ing Tubin | Dipati Sampang sami | Sumênêp Mêkasan tumut | kêrig saloring toya | lawan sagung wong pasisir | lan wong măncanagara kêrig sadaya ||
36. katut Adipati Pajang | saking Adipati Tubin | mulane wong wetan prapta | awit wong Pajang ngaturi | nanging Sultan Mantawis | angidhêp ujar puniku | măngsa ta mangkonoa | si paman Pajang Dipati | sri narendra ngandika mring Katawêngan ||
37. aywa sira Katawêngan | hèh lumakua dèn aglis | mring Pathi nêmbah saksana | sang nata ngandika aris | poma dèn ngati-ati | mungsuh ing wetan wus rapuh | poma yayi dèn yitna | amrih papan ing ajurit | yèn wus prapta gêgamaningsun Mantaram ||
38. pan si adhi ing Santênan | aywa obah saking puri | lawan si paman ing Dêmak | aywa obah saking puri | yèn mungsuh agung prapti | dèn inggal asunga wêruh | marang ing jênêng ingwang | poma-poma dipun eling | Ki Ngabèi Katawêngan pamit nêmbah ||
39. gêgamanira wus budhal | lampahe dhatêng ing Pathi | sakathahing pra dipatya | Mantaram mijilkên baris | baris jawining taji | Jêng Sultan Mantaram rawuh | nitih liman lêlawak | angandika sri bupati | payo budhal barisira kang pangarsa ||
40. panumpingira sadaya [sada...]
--- [27] 27 ---
[...ya] | nindhihi pangawat kering | [...] | [...] | sakèhing pra dipati | mugwèng[28] ing ngarsa sang prabu | sri narendra ngandika | lah ta Martalaya aglis | wong Mantaram kabèh padha undhangana ||[29]
41. sakèhing kalèn luwangan | kabèh urugana sami | dimèn aja kadhinginan | iya wong wetan kang baris | dadya sakèhing kali | prasamya ngurugan sampun | lawan wana lèr ika | aja na dipun babadi | lan si paman ing Pajang datan katingal ||
42. Ki Dipati Martalaya | umatur saha wotsari | paman paduka ing Pajang | abaris nèng Bêluk ardi | dadya kang pra dipati | pagunêman lan sang prabu | apa karsane ika | wong Pajang nora na prapti | pan sadaya wong Pajang mungkur ing nala ||
6. Pangkur
1. ri sampunira mangkana | Pangran Mangkubumi ngandika ris |[30] matura mring paman iku | aglis sira mangkata | inggalêna si paman Pajang puniku | manawa kari ing yuda | sun eman dadia bêcik ||
2. Kyai Arya Wirapatya | tan antara lèngsèr ngarsa narpati | dyan budhal sabalanipun | datan kawarnèng marga | sampun prapta ing mondhokaning Babêluk | dumrojog ing pamondhokan | Arya Wirapati angling ||
3. hèh yayi Dipati Pajang | paran karsa andika mondhok ngriki | nora awor baris sagung | Kanjêng Sultan ngandika | pan andangu mring andika langkung bêndu | yèn dika arsa balika | dèn karuan mupung mangkik[31] ||
4. umatur Dipati Pajang | karsaningsun angampingi ing gusti | yèn ana mungsuh nglambung |[32] mêtu saking ngiringan | aja kongsi gêpok barise sang prabu [pra...]
--- [28] 28 ---
[...bu] | pan ingsun tunggu tampingan | Arya Wirapati angling ||
5. aja kakèhan wicara | sri narendra tan kêna dèn kilapi | lah age payo akumpul | yèn balik karuhêna | adipati ing Pajang aturnya gugup | lah inggih suwi kakang |[33] akumpul lan sri bopati ||
6. saksana budhal wong Pajang | èstu kewran tyase sang adipati | osike manah mirangu | dèna wus prajangjeyan | lan dipati ing Tuban mangsah prang pupuh | wong wetan lan wong Mantaram | angamuka saking wingking ||
7. ya ta lampahe gya prapta | bala Pajang lawan bala Mantawis | kunêng lampahira wau | pangran ing Surabaya | sakathahe para punggawa nung-anung | wus prapta wana Siwalan | rêrêp sakèhing prajurit ||
8. anênggih wana Siwalan | dènnya tata ayun-ayunan jurit | wong wetan prapta ing ngriku | apan samya pailan | nora nana swarane punang bêbusur | pinapandhe wong Mantaram | wong wetan amangan kunci ||
9. sawênèh gadhung pinangan | kang sawênèh samya wuru wadya lit | dèn lut ngising sakitipun | gumigil samya umab | ênêngêna baris kang winuwus |[34] kang mungwèng êlor punika | anêmbang tangara muni ||
10. sigra Adipati Tuban | pangawinan pangapit kanan kering | kêndhang gong swaranya umyung | surak kadya ampuhan | wong Mantaram sadaya samya umagut | tandangira wong ing Tuban | nulya kinarubud bêdhil ||
11. no katêmu ing watang |[35] dèn bêdhili wong Tuban anadhahi | miris wong Tuban kèh mundur | ing dina Sênèn ika | wadya Surabaya [Su...]
--- [29] 29 ---
[...rabaya] akèh anggêguyu | tandange wadya ing Tuban | ariyon pating palêncing ||
12. wong Surabaya angucap | kabisane wong Tuban namung jail | samana wadya Mantarum | barise wong kaparak | ingamuka pêpelah êndhut puniku | sinamur lawan larahan | sinasaban lawan èsthi ||
13. kasaput dalu samana | wong bang wetan wadya lit samya guling | swarane umung gumuruh | ing wadya pamondhokan | pagunêman sakèhing para nung-anung | ingkang ginunêm sadaya | amung yudane wong Tubin ||
14. lakung[36] apês prawiranya | mangsah dhingin tur nora anguwisi | sampun atata ing dalu | enjang dintên Salasa | wong ing Tuban ora obah pondhokipun | warnanên Dipati Tuban | nèng ara-ara pan baris ||
15. barise wong Surabaya | pêrnahira luhuring ardi alit | Dipati Japan amuwus | lah iya tan sun iya | narajanga Dipati Balega wau | kadhangan êndhut punika | tinrajanga bêbayani ||
16. Dipati Japan atanya | sapa ingkang baris ing kanan iki | ingkang dadi tindhihipun | umatur kang tinanya | gih punika Dipati Wartalayèku | lan Ki Arya Jasupănta | pranakan saking Kadhiri ||
17. putranipun Saradipa | adipati ing Japan ngandika ris | papan ingkang kulon iku | padha gêgawarana | wadya Japan amasang gêgawar sampun | mujur mangidul barisnya | ri sampunnya mangkana glis ||
18. Dipati Pajang angucap | hèh wong Japan sira sun ajak mati | gêgaman kidul puniku | lah payo tinarajang | nulya bêndhe
--- [30] 30 ---
wong japan mangsah anggêrgut | barise Ki Martalaya | nulya tinarajang aglis ||
19. Martalaya Jasupănta | barisira dhusun ingkang kinardi | apan kathah wismanipun | wus celak wadya japan | ri saksana wismanya samya tinunu | dening wadya Martalayan | gêni katêmpuh ing angin ||
20. gêni ngêmbyuki wong Japan | kathah gosong samya katêmpuh api | Jasupănta sigra gêrgut | sarêng Ki Martalaya | bêndhe surak syarane lir gunung rubuh | wong Japan sinêrang bubar | wadyane datan ngudhili ||
21. wau ta Dipati Japan | datan kondur emut trahing prajurit | anyamêthi kudanipun | singa katrajang bubar | kinarocok ing watang kalawan ganjur | kinarutug ing sanjata | pinasêr lan jinêmparing ||
22. wong siji pira kuwatnya | dangu-dangu ki dipati ngêmasi | wau ta ing pêjahpun |[37] ya ta Dipati Japan | wong bang wetan sadaya samya lumayu | wadya ing Mantaram mulat | sadaya samya nututi ||
23. sawênèh mêgati marga | wong bang wetan kathah wonge kang mati | urut marga kathah lampus | sira Dipati Tuban | palayune atilar turangganipun | gajah titihan tininggal | arane tasidêrajit ||
24. sêlir kêkalih punika | kalih pisan anèng luhuring èsthi | Anggraita wastanipun | lawan pun Agrawala | wus jinarah marang wadya ing Mantarum | dipăngga wus rinantenan | anulya binêkta aglis ||
25. wong wetan samya binahak | pan lumayu wênèh tilar turanggi | tan bisa lumayu asru | wong lêsu nora mangan | pan lêmpuyang kunci kang pinangan wau | miwah babak kêmlaka |[38] kang samya [sa...]
--- [31] 31 ---
[...mya] dipun garoti ||
26. arang ingkang mati aprang | bala wetan akèh mati agêring | sikep Surabaya agung | akèh ingkang kacandak | Adipati ing Tuban maksih binuru | kabubuh ing êndhut sigra | aniba saking turanggi ||
27. lumayu akêkadhalan | mèh kacandhak anèng paprangan aglis | dandanan sigra rinacut | aglis dènira nyêbar | pan rinêbut dening wadya ing Mantarum | sinêrang Dipati Tuban | lumêbu jroning wanadri ||
28. pan cinatur pitung dina | anèng wana kang pinangan mung kunci | anuju rêndhêng puniku | rina wêngi kudanan | ênêngêna kocapa mondhokan agung | layone Dipati Japan | katur Sang Prabu Mantawis ||
29. sri narendra ris ngandika | lungguhêna layone si dipati | nulya linênggahkên sampun | layone sang dipatya | pan sinawang marang Sang Prabu Mantarum | aris dènira ngandika | iki sing trusing prajurit ||
30. baya mung ki besan Japan | ingkang duwe gawe ngalurug iki | pan iki pantês tiniru | tan malik tan kakèhan | wong Mantaram age parakna mring Butuh | tunggalêna Sultan Pajang | Si Dipati Japan iki ||
31. sri narendra angandika | arsa kondur nênggih dathêng Mantawis | Dipati Japan kang lampus | layone wus pinêtak | wus pinêrnah wau anèng dhusun Butuh | apan tunggal Sultan Pajang | sinêngkal ingkang lalis |[39]|
32. pandhita ginunêm ing prang |[40] sri narendra prapta nagri Mantawis | gancanging carita wau | agênti tatunira | Kanjêng Sulta[41] ningali punggawanipun | Martalaya Jasupănta | Jêng Sultan ngandhika aris ||
--- [32] 32 ---
33. Martalaya Jasupănta | lah bêdhahên ing Nglasêm lan si adhi | ing Nglasêm ajakên iku | Martalaya tur sêmbah | enjang budhal wau gêgaman Mantarum | gancanging carita prapta | nagari Santênan aglis ||
34. ing Nglasêm kinêpung sigra | wong ing Nglasêm pan sampun ngati-ati | wayahipun têngah dalu | wong Nglasêm samya mêdal | gêdhe cilik lanang wadon samya mêtu | pondhoke wong Pathi ika | wau kang jinujug aglis ||
35. swarane wong awurahan | wong Mantaram samya kagyat miyarsi | wruh yèn kitha bêdhah dalu | brana ing Nglasêm têlas | kari wonge dinum mring wong Pathi iku | enjing budhal wong Mantaram | wong ing Pathi samya ngiring ||
36. mantuk dhatêng ing Mantaram | tan winarna warga praptèng Mantawis | Dipati Pathi puniku | ngaturakên boyongan | langkung suka sri narendra dènnya dulu | samana duk sinêngkalan | ula gêdhe margèng bumi |[42]|
37. ri sampunira mangkana | Pasuruan pan arsa dèn tindaki | amêpak wadya sang prabu | sri narendra ngandika | mring punggawa kakang Martalaya gupuh | sira nindhihana karya | marang Pasuruan iki ||
38. kabèh kakang Martalaya | para mantri kang padha andon jurit | miwah kang para tumênggung | pondhokna kidul kuthi |[43] anadene sira senapatinipun | mondhoka sawetan kutha | dèn padha angati-ati ||
39. sakèhing para santana | pondhokêna saloring sabrang kali | kang kulon towongna besuk | poma dina Jemjumungah |[44] lamun sira amêrpêki kutha besuk | aywa liya ing Jêmjuwah | angantêpa ing ajurit ||
40. wus têlas wêling sang nata | Adipati Martalaya tur pamit | kondur sang nata ngadhatun | Dipati Martalaya | pra santana para dipati
--- [33] 33 ---
anglurug | sadaya pan sarêng bubar | gêgaman dinulu asri ||
41. sri narendra angandika | hèh ta kakang Jayasupănta sirèki |[45] nusula mring kakangamu | anglurug Pasuruan | lah mondhoka sakiduling kutha besuk | sawurining pra dipatya | aja sira milu jurit ||
42. aja sira wèhi liwat | lamun mêksa karuhêna sirèki | wus rampung wêling sang prabu | ki arya pamit nêmbah | sampun mêpêk Jasupănta wadyanipun | tan adangu nulya budhal | wus prapta jawining taji ||
43. lajêng sami amondhokan | baris agêng wangsul anèng Sêmanggi | dumrojog ing pondhok agung | Dipati Martalaya | kagyat mulat kalamun kang rayi nusul | Martalaya ngling ing driya | apa wadine sang aji ||
44. gya Ki Arya Jasupănta | ingkang raka sigra dèn bêbisiki | Martalaya manthuk-manthuk | gêgaman nulya budhal | apan lajêng lampahe nglarug |[46] sagunge kang urut marga | rusak tanêm tuwuhnèki ||
45. gancanging carita prapta | Pasuruan gêgaman ing Mantawis | gègèr wong desa lumayu | angungsi jroning kutha | Pasuruan anênggih bupatinipun | Ki Tumênggung Kapulungan | ing jro kitha tata baris ||
46. wong Pasuruan mêlatar | wong Mantaram prapta angêpung wani | lor wetan kalawan kidul | kang samya binarisan | namung kulon kitha kang botên kinêpung | apan nora binarisan | dene wadya ing Mantawis ||
47. Ki Tumênggung Kapulungan | kudanira pun mêndhung dèn titihi | ulêsipun jajan[47] biru | nyirig ngubêngi kitha | Ki Tumênggung Kapulungan asru muwus | ing Tawong ing Pasuruan | kabèh ingsun ajak mati ||
48. warnanên dina Jumungah | wong Mantaram [Ma...]
--- [34] 34 ---
[...ntaram] prasamya mêpak baris | pan enjing arsa ginêpuk | amikir jroning nala | upamane ingsun wani wong Mantarum | măngsa ta ngejaa gêsang | ingsun mungsuh wong Mantawis ||
49. wong kêdhik lawan wong kathah | padha kèhe wong wetan pothar-pathir | duk prang Siwalan rumuhun | pan akèh wong bang wetan | suprandene binuru kapêntut-pêntut | aku maning yèn mênanga | angur mundura kariyin ||
50. Ki Tumênggung Kapulungan | wadyanira arsa dipun apusi | hèh wong Pasuruan besuk | pan ingsun ora mêdal | bêcik bêngi lah payo padha angamuk | pasthi gugup wong Mantaran | payo ngamuk têngah wêngi ||
51. wadya Mêntaram akathah | yèn ta sira narajang têngah wêngi | pasthi sika[48] gagap-gugum[49] | bingung tan wruh ing rowang | wong Mantaram pêsthi yèn banjur balêdug | pan akèh olèh bandhangan | yèn rusak wadya Mantawis ||
52. pan sira ngêkêbi kutha | nora wurung sira nêmahi pati | payo padha ngamuk dalu | bêcik ucap jana |[50] ingkang wadya sadaya prasamya rêmbug | prasamya tata gêgaman | baris pasar gêdhe sami ||
53. Ki Tumênggung Kapulungan | mêtu jaba kang baris dèn idêri | sarwi sumbar amuk-amuk | anantang Martalaya | samya kagyat wong Mantaram amuk-amuk | hèh wong Mantaran dèn yitna | ing Surabaya dèn ungsi ||
54. wus wikan wong Pasuruan | yèn gustine nyandêr ngulon sarimbit | kang wadya samya amisuh | wangsul marang jro kitha | wong Mantaram uninga samya amburu | katututan jawi kitha | samana wus dèn tumbaki ||
55. anulya nginêbi lawang | tan winarna dalu wuwusên enjing [e...]
--- [35] 35 ---
[...njing] | ya ta wadya ing Mantarum | pan samya gangsir kitha | wusnya bêdhah wadya Mantaram umangsuk | anuju dina Jumungah | gumêrah swaraning tangis ||
56. para prajurit Mantaram | nèng jro kutha rêbutan kuda sami | anulya binêkta mêtu | kithane ingwobongan[51] | kang boyongan sadaya samya dèn êdum | Ki Tumênggung Kapulungan | pan samya dipun tututi ||
57. samana pan mèh kacandhak | kudanira andaru sampun kêni | Kapulungan wus lumayu | dharêsêl lan kang garwa | anèng jurang andhap papane alindhuk | pan ana wong Martalayan | lêlurahing Saragêni ||
58. arane Suwakawaka | lan Ki Suradahana wong kêkalih | uninga palajêngipun | tumênggung lan kang garwa | katututan dharêsêl dhalêsêl lan garwanipun |[52] ki tumênggung dèn gagila | pan sarwi dèn incêng bêdhil ||
59. garwanira girap-girap | ki tumênggung nêmbah angasih-asih | mentak ampun kula bagus | sampun sampeyan bêkta | pan kawula ngaturi mirah pêpitu | samya mirah babêrkatan | rêgi nigang atus kêthi ||
60. sumaur Suradahana | lah ta êndi mirahmu ingsun ambil | lawan sun boyong rabimu | katura sang dipatya | sun aturkên yèn sira bojo Tumêgung[53] | Kapulungan asru mojar | ing garwa sarêng anjêrit ||
61. sarwi ngrangkul garwanira | sigra sira pawaka anyêkêli | Ki Suradahana gupuh | anyêkêl ingkang garwa | sarêng nyandhak wus uwal lan garwanipun | Ki Tumênggung Kapulungan | garwane dipun cêkêli ||
62. garwane angundhamana | ujar sira wong lanang wêdi mati | ingsun adarma [a...]
--- [36] 36 ---
[...darma] anêmu | sikêp arsa anjamah | yèn ta sira matia nèng jro kadhatun | nadyan silih binoyonga | pasthi binoyong priyayi ||
63. dhasar priyayi Mantaram | bagus-bagus prawira ing ajurit | alah raimu dikêpruk | Tumênggung Kapulungan | dhêndhaning Hyang Kapulungan mring sirèku | bupati wêdi palastra | bilaine andhatêngi ||
64. alah priye karêpira | si dilabrag wong iki anêmêni | angur matia wak ingsun | dèn ramuh sok wong-wonga | anauri Suradahana asêndhu | pan iya măngsa bêdhaha | tumênggung kalawan mami ||
65. măngsa kacèka sacêngkang | wus lumrahe padha luwihan daging | iku cêlèk iki cêlus | Tumênggung Kapulungan | amiyarsa kêthip-kêthip netranipun | hèh bagus dèn sarèh mana | kula atanya sayêkti ||
66. pundi trah ludira dika | sigra mojar Suradahana nauri |[54] pan ingsun Mantaram baku | Tumênggung Kapulungan | alon matur sokur yèn dede ing Kêdhu | miwah Siyèn Bagêlèna | bok punuk anênulari ||
67. Surapawaka angucap | hèh Dahana têka kaya wong baring | kaya bèbèta kang mêngku | bawah Sagala Ajam | de tingkahmu iya têka nora patut | anjamahana kang lanang | lan maning iku bupati ||
68. dilalah pitulunging Hyang | wong kêkalih kang sawiji angling |[55] Kapulungan alon matur | nangis sarwi ngrarêpa | marang Surapawaka dhuh ariningsun | lah pun kakang uculêna | pasthi pira sun tuturi ||
69. pun kakang amêndhêt reyal | patang èwu tan wontên kang udani | padha reyal batu-batu [batu-ba...]
--- [37] 37 ---
[...tu] | Surapawaka mojar | inggih pundi prênahe kakang tumênggung | panggenane kang pêndhêman | inguculan madu gêndhis ||
7. Dhandhanggula
1. yèn pun kakang andika unculi[56] | pasthinipun kawula atêdah | ingkang pinêndhêm prênahe | Surapawaka matur | lah ta kakang inggih suwawi | anulya inguculan | wau ki tumênggung | kalawan garwane pisan | nanging iya garwane dèn bosah-basih | marang Suradahana ||
2. Ki Tumênggung Kapulungan angling | inggih adhi sakidul gêdhogan | ngisor dalima prênahe | Surapawaka muwus | inggih kakang sami basuki | andika dipun enggal | manjinga wana gung | manawi ta tinututan | satêmahe andika cinêkêl malih | tumênggung amit kesah ||
3. garwanira tan bisa lumaris | sumlêngêrên wau solahira | nulya ginendhong garwane | apan ta kari pinjung | kang busana wus dèn dhèdhèli | marang Suradahana | ênêngna rumuhun | kang ngungsi mring Surabaya | kawarnaa wau gêgaman Mêntawis | kang samya anjêjarah ||
4. pitung dina wau wong Mêntawis | sabêdhahe kitha Pasuruan | rêrêbe kang baris kabèh | Martalaya winuwus | pan sakèhe kang pra dipati | prasamya rêrêmbagan | anèng tarub agung | para bupati sadaya | benjang Kêmis bubare bala Mêntawis | warnanên Jasupănta ||
5. apan namung antara sawêngi | sabêdhahe kitha Pasuruan | Ki Jasupănta udure[57] | baris jurang prêrau | pan adhêdhêg malang ing margi | sagung wadya Mantaram | tan sinungan wangsul | ajibêg jurang [ju...]
--- [38] 38 ---
[...rang] baita | wus miyarsa sagung kang para bupati | yèn Arya Jasupănta ||
6. Jurangpalwa ingkang dèn tuguri | dadya gunêm kang para dipatya | Ki Martalaya dêlinge | paran ta wadinipun | ing karsane sri narapati | Ki Arya Jasupănta | anèng marga tugur | upama sun dikakêna | ambêdhaha nagara liyan puniki | apan nora winêkas ||
7. Jêng Pangeran Purbaya sigra ngling | bokmanawa nacahkên bêrana | Ki Jasupănta lakune | nanging ta dudu iku | Ki Dipati Mandura angling | tinêdha tinêrajang | apa kang pinadu | Pangran Purbaya ngandika | lah ya paman prasasat gègèr Mêntawis | kang tugur Jurangpalwa ||
8. pan kawula wau Ki Dipati | Mandurarêja dènira ngucap | angrasa salahe dhewe | Ki Sêcasêdanèku | duk miyarsa anulya pamit | marang Ki Martalaya | wus budhal rumuhun | wus prapta ing Jurangpalwa | Kyai Dêmang Wêdana ngrangkêpi baris | panggih lan Jasupănta ||
9. Dêmang Singawêdana awarti | wau ingkang arsa panêrajang[58] | Pangran Mandurarêjane | Jasupănta gya mantuk | wus graita sajroning galih | kaya ujar mangkana | kang dèn ajak wau | dene ta nora nêrajang | dyan Ki Arya Jasupănta budhal aglis | saking ing Jurangpalwa ||
10. wus miyarsa wau sri bupati | yèn Ki Arya Jasupănta budhal | saking ing patugurane | saksana nulya laju | sagung ingkang bala Mêntawis | tan lami anèng marga | sêngkala ingetung | nênggih trus katêlu jagad | wong linuwih Jayasupănta wus prapti | anèng nagri Mantaram ||
--- [39] 39 ---
11. dyan warnanên wau Ki Dipati | Martalaya miwah pra dipatya | praptèng Mantaram lampahe | wus katur mring sang prabu | duk bêdhahe kutha ing wêngi | ya ta sagung dipatya | kang boyongan katur | trustha ing driya jêng sultan | Jasupănta datan arsa tur upêksi | ngandikan mring jro pura ||
12. sapraptane wau jroning puri | nèng ngarsane Jêng Sultan Ngalaga | Jayasupănta ature | dun[59] wontên Jurangprau | ingkang arsa nêrajang wani | Pangran Mandurarêja | nanging datan tulus | anêrajang patuguran | sri narendra liringe asêmu wingit | nanging datan kawêdal ||
13. Jasupănta wau nulya pamit | tan antara pan ana tri căndra | ucapên nagri Pajange | wus karsaning Hyang Agung | Adipati ing Pajang balik | rêmbag lawan Pangeran | Mandurarêjèku | apan dadi lêlayangan | samangsane ing benjang tengahing jurit | Pangran Mandurarêja ||
14. pan rêmbage ngamuk saking wuri | marang wadyabala ing Mantaram | apan wus dadi rêmbage | nanging nora na wêruh | dyan warnanên sri narapati | pan lagya siniwaka | kang para nung-anung | santana para punggawa | myang satriya prawira lurah prajurit | andhèr ing ngarsa nata ||
15. Singaranu majêng awotsari | alon mantur[60] mring Sultan Ngalaga | nagari ing Pajang mangke | pan inggih badhe mangsul | băngga dhatêng tuwan narpati | wus agêng kang gêgaman | mêngsah sang aprabu | èsême asêmu cipta | sampun dugi wijile amitambuhi | sang nata angandika ||
16. lah ta măngsa mêngkonoa ugi | ya si paman Dipati ing Pajang [Pa...]
--- [40] 40 ---
[...jang] | nanging ta sun yêtèkake | mantri anom sirèku | tumanduka mring Pajang aglis | sira mundhuta kuda | si dumbaranipun | pamalêr ya Tambakbaya | kang ingutus mantri anom awotsari | lèngsèr saking ngajêngan ||
17. pan amawi surating narpati | lampahira wau mantri mudha | marang ing Pajang lakune | datan kawarnèng ênu | sampun prapta ing Pajang enjing | warnanên Sang Dipatya | ing Pajang ta wau | enjing pan lagya sineba | pan kasaru praptane dutèng Mêntawis | dumrojog nèng ngayunan ||
18. mantri anom lon dènira angling | lah dipati têdha tampanana | Prabu Ngalaga surate | dyan tinampanan gupuh | duk winaos sinukmèng galih | ya ta Dipati Pajang | angandika arum | Tambakbaya kudanira | muni nglayang pinundhut marang sang aji | nah anggèr ingandikan ||
19. ya si domba pinundhut sang aji | kayaparan babo aturira | Dyan Tambakbaya wuwuse | yèn pun domba pinundhut | luhung umur kula puniki | lawan bojo kawula | katur mring sang prabu | nulya lèngsèr Tambakbaya | kudanira sêmana dipun titihi | pan sarwi mutêr watang ||
20. atêtêgar kudanya anirig | Tambakbaya wau wuwusira | yèn ta mêksiha kang duwe | pasthine nora tulus | pan si domba mring jênêng mami | Ki Arya Tambakbaya | sarwi unclang lawung | anjèwèr ing kulitira | upamane kulitku ngong anggo jurit | nadhahi wong Mêntaram ||
21. pêsthi yèn kanggo satêngah sasi | dèn pêpanas utusan Mêntaram [Mê...]
--- [41] 41 ---
[...ntaram] | malongo dulu polahe | tan pamit kuduripun[61] | mantri anom nandêr kêpati | tan winarna ing marga | wau lampahipun | raina wêngi lumampah | sampun prapta nagari Mantaram enjing | sri narendra sineba ||
22. kagyat ningali sri narapati | mantri anom majêng atur sêmbah | katur sadaya solahe | Arya Tambakbayèku | sakalangkung amanas ati | mèsêm sajroning nala | wau sang aprabu | osiking driya mangkana | sapa baya kang prayoga anindhihi | ngalurug marang Pajang ||
23. anging iya Mandurarêjèki | sun tuduhe ngalurug mring Pajang | dimène ewuh atine | iku kang gawe mungsuh | angandika sri narapati | hèh Dipati Mandura | sira ingkang patut | ngaluruga marang Pajang | angirida sagung putra dika sami | kabèh wadya Mantaram ||
24. sakathahe punggawa Mantawis | padha sira nguculkên panglampah | desa Pajang sarupane | boyongên wonge iku | padha sira pèkên pribadi | ya ta sagung punggawa | nguculkên pan sampun | utusan marang padesan | ambêboyong ucapên wau sang aji | kondur malbèng wingkingan ||
8. Pangkur
1. sagung punggawa sewaka | maksih andhèr anèng ing păncaniti | wontên utusan sang prabu | mêdal saking jro pura | sarwi bêkta waos lêligan puniku | pinaringkên Ki Mandura | dipati sigra nampani ||
2. sarwi dhawuhkên timbalan | hèh dipati timbalane [timbala...]
--- [42] 42 ---
[...ne] sang aji | kinèn budhal besuk esuk | dene lampah andika | munggwing têngah ingkang munggwing kananipun | Adipati ing Sumêdhang | wong ingsun kang dèn tindhihi ||
3. putra dika Ki Juminah | ki dipati wontêna anèng kering | aliya saking puniku | santana myang punggawa | pra dipati ênggène anèng ing pungkur | angiringa jêngandika | rampung timbalan narpati ||
4. Ki Mandura tur sandika | kagyat wau ana karasa ngati | ki tumênggung wus lumêbu | warnanên panangkilan | pra dipati sampun bubaran sadarum | prasami dandan gêgaman | sagunging para prajurit ||
5. ing dalu datan kucapa | wus siyaga ya ta wuwusên enjing | Pangran Mandurarêjèku | pêpak para santana | nuli nêmbang têngara bêndhe angungkung | para santana sumahab | prasami atata baris ||
6. wus budhal wadya Mantaram | pra dipati punggawa ing Mantawis | apan sarêng budhalipun | gumrêrah wadyabala | warna-warna daludag lan umbul-umbul | lir prawata kawêlagar | abra busananing mantri ||
7. para mantri barisira | wus atata anèng jawining taji | pan katunjang baris agung | anglarug lampahira | wong pradesan kang tinrêjang gêmpur tumpur | prasami ngêpung jro kitha | kang kacandhak dèn boyongi ||
8. gancanging carita prapta | ing Dalanggu prapta gaman Mantawis | pan namung rêrêp sadalu | enjanging nuli [nu...]
--- [43] 43 ---
[...li] prapta | lampahira ing dhusun Mayang puniku | kang dadi pangawat kanan | ing Karandhang dènnya baris ||
9. ya ta gantya kawarnaa | Adipati Pajang midhangêt warti | yèn Pangran Mandura wau | kang dadi senapatya | pagunêman Dipati Pajang lan wadu | miwah Arya Tambakbaya | Ki Mandura cidrèng janji ||
10. matur Arya Tambakbaya | ingkang botên-botên dipun raosi | mangsi bêcik kang tinêmu | kang Dipati Mandura | nadyan silih upama wuwuh mêmungsuh | kaya si dhawuk Mandura | pan botên kula singgahi ||
11. anuli nêmbang tangara | pan gumêrah punggawa Pajang baris | Ki Răngga Jagarogèku | prapta sabalanira | Arya Tambakbaya saha wadyanipun | pitung ngatus kathahira | kalih atus kang sinêlir ||
12. Kajinêman kawan dasa | lêlurahe pun Răngga Lalularis | lan pun Dêmang Lalulumpur | kalawan Lamporjaya | lawan Dêmang Lalupêjah wastanipun | kalawan Ki Setanrumab | kalawan Ki Lindhutasik ||
13. kalawan Ki Lindhuwrêksa | pan Ki Lesus Ki Răngga Gonjang-ganjing | kalawan Ki Sidhungniwut | Ki Bancol Ngulêrkilan | Marcukundha Macundhêndha jajaripun | kalawan Ki Kêcilmimang | kalawan pun Baratgêni ||
14. kalawan Banjirludira | lan Ki Banjirsagara sisihnèki | kalawan Mêndhunggaludhug | lan Balêdhègangampar | lawan malih Banjirruditya [Ba...]
--- [44] 44 ---
[...njirruditya] ranipun | kalawan Gunasarana | sisih Ki Mangmangmurbèki ||
15. kalawan Ki Bajobarat | lan Ki Rangsangbiting pun Sidamati | asisih Ki Lodrabarung | kalawan Banjirbandhang | Banjirbathang Bathanglaut sisihipun | kalawan Ki Juranggrawah | lan Ki Rujak Gonjang-ganjing ||
16. lêlurahe ngupacara | numbak putih wasta Ki Lambangsari | asisih Andakalawung | lawan Gêbuglawêdan | Sabukparung Sabukwêlang Sabukdumung | kalawan Sabukbandhotan | Sabukdhiwêl Sabukkisi ||
17. sapalih wong Tambakbayan | Kyai Răngga Jagaroga kang ngirid | wusnya mêdal kitha sampun | ingawe barisira | sakilèning baris Pajang prênahipun | Kajinêman Tambakbaya | tan ana sêdya ngunduri ||
9. Durma
1. kawarnaa barise wadya Mantaram | pangawat kanan nênggih | Dipati Sumêdhang | miwah wong ing Pasundhan | dene ingkang anindhihi | Pangran Juminah | lawan wadya Mêntawis ||
2. pan wus cêlak barise wadya ing Pajang | pan yun-ayunan jurit | dalu kawuwusa | balane Tambakbaya | pan wus rêmbug ngamuk wêngi | wong Kajinêman | baris dèn awe sami ||
3. têtindhihe Ki Dêmang Gunasarana | pun Mangmang Buyut Srênggi | lawan Mangmang Dana | pun edan sabên dina | Tumênggung Jagaraga glis | wong Tambakbaya | lah payo barêng mati ||
4. aja tunggal lan wong ingsun Jagaraga | pun Mangmang Kalasrênggi | asru wuwusira | pan sampun walangdriya | tan wontên bedane ugi | lan [la...]
--- [45] 45 ---
[...n] raka dika | Arya Tambakbayèki ||
5. Ki Tumênggung Jagaraga angandika | baris kêrandhang iki | payo tinêrajang | yèn sira prang raina | pêsthi yèn kasoran tandhing | măngsa mênanga | jitus lan wong Mêntawis ||
6. nulya budhal têngah wêngi wayahira | wong Kajinêman sami | lan wong Jagaraga | sêdya nungkul prangira | sêmana wus marêpêki | baris Mêntaram | warnanên wong Mêntawis ||
7. tan uninga wong Mêntaram pamondhokan | baris Pajang bêdhili | gègèr wong Mêntaram | wong Pajang sami surak | Kajinêman bêdhil bêkik | pangamukira | lir buta angsal daging ||
8. kathah pêjah kang baris anèng karandhang | tambuh mungsuh rowangi | gugup pan sasaran | samya kathah kang pêjah | Dipati Sumêdhang aglis | ngadêg nèng latar | ingkang bêndhe tinitir ||
9. ingkang wadya bingung tan kênèng tinata | pun Mangmang Kalasrênggi | sêmana wus prapta | ngarsane Ki Dipatya | Sumêdhang dipun larihi | kêna jajanya | niba sang adipati ||
10. nora pasah ananging nuntak ludira | bingung sang adipati | wadya ing Mêntaram | kang baris anèng mayang | myarsa nêmbang têngara glis | sami siyaga | wadyabala Mêntawis ||
11. sirna larut barise bala Sumêdhang | ngumpul wadya Mêntawis | Pangeran Juminah | tulung sawadyanira | acaruk bêdhil-binêdhil | kuwêl kang wadya | ngungkih bêdhil tan muni ||
12. samya riwut tambuh musuh lawan rowang | lir gabah
--- [46] 46 ---
dèn intêri | wangke susun tumpang | kang mati padha rowang | awiting prang têngah wêngi | wadya Mêntaram | saya kyèh ingkang prati[62] ||
13. Adipati ing Pajang sampun siyaga | saksana sarêng mijil | lan sabalanira | miwah Ki Tambakbaya | sami yun-ayunan jurit | lan wong Mataram | sigra bêdhil-binêdhil ||
14. sami golong pêngamuke wadya Pajang | sarêng têmpuh ing jurit | Arya Tambakbaya | lir buta amêmăngsa | lir badhaya dèn kêploki | saparanira | binedrongan ing bêdhil ||
15. Tambakbaya sawadyane ngamuk rampak | kukuh wadya Mantawis | ngungsi wadya Pajang | nanging pan tinadhahan | wong Pajang akèh kang mati | tatane bubrah | nanging maksa angungkih ||
16. pra santana sami ngawaki ing yuda | mila kukuh kang baris | Arya Tambakbaya | miwah prajurit Pajang | sadaya sami bêk pati | ngamuk lan watang | binedrong dening bêdhil ||
17. datan kongkih pêngkuh wadya ing Mantaram | wadya Pajang mangungkih | Arya Tambakbaya | balanira wus rusak | pan wus karsaning Hyang Widi | wadya ing Pajang | tan ana kang ngundhili ||
18. Adipati Madurarêja punika | nèng têngah barisnèki | mila tan katingal | dening Dipati Pajang | kang tansah dèn na anti |[63] êndi Madura | si dhawuk cidrèng janji ||
19. saka sira pan iya marganing pêrang | mêngko têka nyidrani | wadya ing Mataram | kathah samya miyarsa | wong Madura dèn pisuhi | marang wong Pajang | sami ginarit-garit ||
20. maksa ngungkih pangamuke Tambakbaya | balane kèh ngêmasi [ngê...]
--- [47] 47 ---
[...masi] | ya ta kathah pêjah | balane Tambakbaya | sami yudane kalindhih | Dipati Pajang | Tambakbaya kalindhih ||
21. gya lumayu ki arya lumêbèng pura | garwane dèn ampiri | lan sang adipatya | sarêng lumayu ngetan | gancanging carita prapti | ing Baturana | ngambil jungkung Sêmanggi ||
22. sampun numpak ing palwa lan ingkang garwa | Tumênggung Jagaragi | pan sarêng saksana | kudanira si dumba | kêcandhak baris Matawis | wadya Mataram | sagung para dipati ||
23. pan sadaya sami lumêbèng jro pura | kadhaton jinarahi | ya ta kawarnaa | wadya kang bujung mêsah | kandhêk Baturana sami | Dipati Pajang | wus lêpas dènnya milir ||
24. sêdyanira angungsi mring Surabaya | warnanên Surawèsthi | wau Jêng Pangeran | Surapringga miyarsa | yèn Dipati Pajang mangkin | kalah ing yuda | kalawan wong Mantawis ||
25. sampun prapta anggêganjar sri narendra | sagung para dipati | arta myang busana | warata wong Mêntaram | arta saking jroning puri | anggili mêdal | wutah donya Mêntawis ||
26. sabên-sabên sang nata apan mangkana | miwah yèn arsa jurit | wau sri narendra | miwah ing praptanira | sinigêg datan winarni | gantya kocapa | kang lumayu angungsi ||
27. sampun prapta wau nagri Surapringga | Dipati Pajang nênggih | miwah Tambakbaya | Dipati Jagaraga | agya sampun dèn timbali | mring Jêng Pangeran | Surapringga pan aglis ||
28. pinisalin wau dipati têtiga |
--- [48] 48 ---
Pangeran Surawèsthi | asru angandika | hèh Adipati Pajang | ya paran karsanirèki | bêcike sira | sun ulihakên malih ||
29. angirida wadya ingsun marang Pajang | ingsun dhewe nindaki | matur Tambakbaya | sampun paduka mêngsah | lawan Wong Agung Matawis | sami digdaya | punggawa ing Mantawis ||
30. pra santana tan ana pasah ing braja | Pangeran Purbayèki | nglangkungi pra kuswa | Pangran Pugêr digdaya | pangeran ing Mangkubumi | langkung prawira | Pangran Blitar prajurit ||
31. lan Pangeran Pringgalaya lan Juminah | Pangran Upasăntèki | punika digdaya | Pangeran Têpasana | Madurarêja prajurit | Salarong Pangran | maksih timur prajurit ||
32. sêrêng karsa Pangeran ing Surabaya | sêmu bang netra andik | anyandhak sanjata | mimisipun kêncandhak | anuli dipun isèni | gya sinanjata | Arya Tambakbayèki ||
33. pan tumiba mimise anèng ing jaja | gèpèng mimisirèki | gumuyu jro nala | mimis sigra cinandhak | ingaturakên tumuli | inggih punika | pêdhotaning Matawis ||
34. ya ta mèsêm Pangeran ing Surapringga | dukane amor asih | gawok kang tumingal | mantri ing Surapringga | sami ngalêm jroning ati | mring Tambakbaya | nuli sinung sêsilih ||
35. ingaranan wau Dipati Sanjata | pinutra-putra nênggih | anèng Surabaya | sadaya
--- [49] 49 ---
nagri wetan | Tambakbaya dèn trimani | putrè[64] dipatya | bagus asmarèng ati ||
10. Asmarandana
1. ênêngna datan winarni | wau ta ing Surapringga | sawarsa sampun lamine | ya ta ingkang winursita | Sri Narendra Mantaram | enjing sineba wadya gung | pêpak sagung pra dipatya ||
2. santana para prajuit | pêpak andhèr ngarsa nata | sang nata ngandika alon | Martalaya Jasupănta | sira padha dandana | padha mênyanga anglurug | iya mring nagara Tuban ||
3. kabèh wadya ing Mantawis | satriya miwah punggawa | ya padha mangkata age | kang dadi têtindhihira | marang nagara Tuban | apan ta iya puniku | Si Tumênggung Martalaya ||
4. lan Si Jaya Santosèki | miwah si adhi Bragula | dèn kêrig pasisir kabèh | mêtua sakilèn kitha | dene Si Martalaya | kang mêtua saking kidul | kabèh gêgaman Mataram ||
5. ingkang kinèn awotsari | kabèh kang para dipatya | sri narendra angadhaton | ya ta kang para dipatya | kang anèng panangkilan | prasami bubar sadarum | sami pradandan gêgaman ||
6. ing dalu sami ngabêkti | ya ta kawarnaa enjang | gumrah swarane punang wong | Ki Dipati Martalaya | sampun nêmbang tangara | wus pêpak gêgamanipun | Miwah Arya Tambakbaya ||
7. para santana Matawis | gêgamane abra sinang | sowang-sowang [so...]
--- [50] 50 ---
[...wang-sowang] datan awor | Ki Dipati Martalaya | budhal lawan Ki Arya | Jasupănta anèng ngayun | gumêrah wadya Mataram ||
8. ingkang lumampah ing wuri | Ki Tumênggung Alap-alap | gumyah swarane punang wong | Adipati Martalaya | ingkang lumampah têngah | lawan Jasupănta ngayun | magêrsarinya akapang ||
9. para santana Matawis | dènnya lumampah ing wuntat | Jêng Pangeran Purbayane | lan Pangeran Singasêkar | Pangeran Pringgalaya | Pangeran Juminah wau | lan Pangeran Têpasana ||
10. Pangeran Pugêr tan kari | lan Pangeran Upasanta | Pangran Madurarêjane | miwah Pangeran Balitar | Pangeran Sêlarongan | Pangran Mangkubumi ngumpul | Pangran Tanpanangkil ika ||
11. gêgamane warni-warni | busanane abrang sinang | lir sêkar sêtaman abyor | tan winarna lampahira | jabaning taji prapta | gêgaman agêng anglarug | prapta sawetaning Pajang ||
12. ngalor ngetan lampahnya ris | anêrajang wanapringga | prapta ing gunung Kêndhênge | ya ta ingkang kawarnaa | Adipati Bragola | lajêng mring nagarinipun | enjang prapta ing Santênan ||
13. sakathahe wong pasisir | bang kilèn sami utusan | Kudus Dêmak Jêparane | Sêmarang miwah ing Kêndhal | ing Kaliwungu prapta | Pakalongan Batang rawuh | ing Barêbês miwah Têgal ||
14. sadaya wus prapta Pathi | sagêgamanirèng abra | sigra nêmbang [nê...]
--- [51] 51 ---
[...mbang] tangarane | wau Dipati Bragola | bodhol baris Santênan | swarane bala gumuruh | ginêlak lampahing bala ||
15. manawa kari ing kardi | lawan gêgaman Mataram | tan kawarna ing lampahe | prapta sakilèning Tuban | gêgaman ing Mataram | samana pan sampun rawuh | sakiduling kitha Tuban ||
16. gègèr wadya ing Matawis | prasami ngungsi jro kitha | warnanên wadya Tubane | lagya sineba ing wadya | prasami rêrêmbagan | pun Jayasantana wau | pêpatihira ing Tuban ||
17. angandika sang dipati | marang ing pêpatihira | hèh ta paran wartaning wong | gêgaman Mataram prapta | sapa kang ngirit lampah | sapa senapatinipun | matur Ki Jayasantana ||
18. kawula miyarsa warti | pun Dipati Martalaya | kang dadi senapatine | lan arine Jasupănta | dene kilèn punika | pasisir kilèn sadarum | Bragula têtindhihira ||
19. para santana Matawis | punika kêrig sadaya | tan wontên kantun purane | ngandika sang adipatya | sira lakokna duta | mring bang wetan jaluk bantu | ing Sampang mring Surabaya ||
20. lan sarupane wong Tubin | undangana dèn prayitna | angêkêba kitha bae | lawan mriyêmku bêrkatan | unggahna ing palatar | Si Sidamurti puniku | arêpna mring wong Mataram ||
21. ingkang ngarêpna wong Pathi | iya mriyêmku bêrkatan |
--- [52] 52 ---
tur sêmbah anuli lèngsèr | Ki Patih Jayasantika | apêpak wadyanira | tangara badhe angungkung | gumêrah wadya ing Tuban ||
22. sagunging wadya ing Tubin | binage pinatah-patah | kang tugur lawang sakènthèng | miwah kang jaga palatar | warnanên Surabaya | duta ing Tuban tumanduk | pan sarwi ngaturkên surat ||
23. sampun tinampan nulya glis | binuka ungêling surat | amentak tulung têmbunge | dadya Pangran Surabaya | gunêm lan wadyanira | ingkang tinuding têtulung | wau Dipati Sanjata ||
24. wong kalih èwu kang ngiring | Adipati Jagaraga | budhal sawadyabalane | kang kari wong Surabaya | prasami mêpak bala | baris anèng kithanipun | anjagani wong Mataram ||
25. manawa bêdhah ing Tubin | ambanjur mring Surabaya | gantya ingkang winiraos | lampahira Ki Sanjata | sampun prapta ing Tuban | tumamèng jroning kadhatun | wus panggih sang adipatya ||
26. nuli binêdhaha aglis | prajurit ing Surapringga | nuli tinata barise | warnanên bantu Madura | prapta mêdal lautan | awatara tigang èwu | sampun lumêbèng jro kitha ||
27. ana dening kang nindhihi | iya gêgaman Madura | Ki Arya Măndhalikane | lan Ngabèi Agisrana | Dêmang Kalasudira | sadaya sampun pinangguh | kang baris sampun tinata ||
28. ya ta Wong Agung Matawis | wau ta kang winursita | Dipati Martalayane | apan lagi sinewaka | sagung para santana |
--- [53] 53 ---
samya ingaturan wau | miwah Dipati Bragola ||
29. prasami gunêman pikir | sakèhe para dipatya | Ki Bragola angling alon | lah ta kakang Martalaya | suwawi benjang enjang | kutha punika ginêmpur | alami ngantos punapa ||
30. wingi bêbantu kang prapti | wadya Sampang Surabaya | ingkang angirid lakune | ing Surabaya punika | pun paman ing Sanjata | winitawis kawan èwu | lawan gêgaman Mandura ||
31. Ki Martalaya nauri | inggih anggèr yèn sambada | luwung ingantos wêdale | agêng gêgaman ing Tuban | botên layak mêmpênga | lan malih kang kathah bantu | mèsêm Dipati Bragola ||
32. dhuh kakang kula titèni | kongsi mêdal wong ing Tuban | mêdala katog mangkono | angungsi lair kewala | Adipati ing Tuban | amung jail warisipun | kêdhik wêwirang kaetang ||
33. ical wanguning dipati | anyudakakên prawira | nora umantêp ujare | gumujêng Ki Martalaya | anggèr dèrèng kantênan | manawi kaparêng purun | wong Tuban aprang abanar ||
34. yèn botên makatên inggih | suwawi ing benjang enjang | sami tinotol kithane | pan sampun rêmbag sadaya | Dipati ing Bragula | prasami bubaran kundur | dhatêng pasanggrahanira ||
35. gantia kucapa malih | ki adipati ing Tuban | gunêman wadyabalane | kalawan para dipatya | Radyan Arya Sanjata [Sanja...]
--- [54] 54 ---
[...ta] | angêcêk sêsanggupipun | kêdah omah nèng bêbanar ||
36. rêmbug pra mantri ingTubin | miwah prajurit Madura | mufakat prajurit kabèh | amung Dipati ingTuban | kêdah ngêkêpi kitha | dadi riyon ingkang rêmbug | kan bantu arsa mundura ||
1 | Ngalaga. (kembali) |
2 | Catatan ditulis dengan pensil biru muda. (kembali) |
3 | Tanggal: Sêtu slawe prah (24) Arwah (Ruwah) Ehe: sêngkêranira dipăngga girining ratu (AJ 1788). Tanggal Masehi: Sabtu 17 Maret 1860. (kembali) |
4 | nênggih. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: yèn ing padesan kabèhe. (kembali) |
6 | anênggih. (kembali) |
7 | Tanggal: rêksa paksa tata jalma (1527). (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: sami tinampan sadarum. (kembali) |
9 | Tanggal: tanpa guna gati wau (1530). Kata "wau" pada sangkala ini tidak memiliki watak bilangan dan digunakan untuk menunjukkan abad yang disebutkan sebelumnya. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: wondene ingkang atuwa. (kembali) |
11 | Tanggal: sanjata tri bayu tunggal (1535). (kembali) |
12 | Lebih dua suku kata: Pangran Natapura nurut. (kembali) |
13 | Suratani. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: sagêgamaning yuda. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: sakapraboning jurit. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: sira angirida baris. (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: hèh wong batur iya ika agni apa. (kembali) |
18 | Kurang satu suku kata: dahat kangkat Pulangjiwa sigra niba. (kembali) |
19 | Tanggal: sanjata palwa kang maruta jagad (AJ 1575). Tahun AJ 1575 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Desember 1652 sampai dengan 21 November 1653. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: hèh wong Mantaram cawisa. (kembali) |
21 | Variasi: |
22 | Kurang satu suku kata: prênahe saloring kutha. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: pangandikanira aris. (kembali) |
24 | kirang. (kembali) |
25 | Kurang dua suku kata: angrasa tan ana iku. (kembali) |
26 | anuruta. (kembali) |
27 | mathuk. (kembali) |
28 | munggwèng. (kembali) |
29 | Kurang dua gatra: ke-3 (8a) dan 4 (8i). (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: Pangran Mangkubumi ngandika aris. (kembali) |
31 | mangkin. (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: yèn ana mungsuh anglambung. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: lah inggih suwawi kakang. (kembali) |
34 | Kurang dua suku kata: ênêngêna barise ingkang winuwus. (kembali) |
35 | Kurang satu suku kata: nora katêmu ing watang. (kembali) |
36 | langkung. (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: wau ta ing pêjahipun. (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata: miwah babak kang kêmlaka. (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata: sinêngkalan ingkang lalis. (kembali) |
40 | Tanggal: pandhita ginunêm ing prang (AJ [1]587). Tahun AJ 1587 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Juli 1664 sampai dengan 13 Juli 1665. (kembali) |
41 | Sultan. (kembali) |
42 | Tanggal: ula gêdhe margèng bumi (AJ 1588). Tahun AJ 1588 jatuh antara tanggal Masehi: 14 Juli 1665 sampai dengan 3 Juli 1666. (kembali) |
43 | Biasanya guru lagu a: kutha. (kembali) |
44 | Lebih satu suku kata: poma dina Jumungah. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: hèh kakang Jayasupănta sirèki. (kembali) |
46 | Kurang tiga suku kata: apan lajêng lampahe anglarug-larug. (kembali) |
47 | janjan. (kembali) |
48 | sira. (kembali) |
49 | gagap-gugup. (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata: bêcik ucapên jana. (kembali) |
51 | ingobongan. (kembali) |
52 | Lebih tiga suku kata: katututan dharêsêl lan garwanipun. (kembali) |
53 | Tumêggung. (kembali) |
54 | Lebih satu suku kata: sigra mojar Suradahna nauri. (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata: wong kêkalih ingkang sawiji angling. (kembali) |
56 | uculi. (kembali) |
57 | undure. (kembali) |
58 | anêrajang. (kembali) |
59 | duk. (kembali) |
60 | matur. (kembali) |
61 | kunduripun. (kembali) |
62 | prapti. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata: kang tansah dèn anti-anti. (kembali) |
64 | putrèng. (kembali) |