Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 11–20)
1. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 30–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 36–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
7. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
8. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 51–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
11. Durma
1. kawarnaa Adipati Martalaya | enjing tangara muni | gumrah wong Mataram | siyaga magut yuda | miwah Adipati Tubin | nêmbang tangara | umyang swaraning dasih ||
2. Arya Sindurêja prajurit Santênan | lan Arya Sawunggaling | Arya Mangunjaya | Ngabèi Wirasraya | Tumênggung Rajamênggali | sampun siyaga | andêl-andêling Pathi ||
3. pra santana Mataram sampun siyaga | lan sagung pra dipati | Arya Jasupanta | panganjuring ayuda | wadya ing Tuban udani | wong ing Mataram | arsa angrapit wani ||
4. wadyaTuban sigra anêmbang tangara | sagunging saragêni | minggah ing palatar | mriyêmira jinajar | sigra punggawa Matawis | sarêng umangsah | surake wanti-wanti ||
5. adipati ing Pathi sarêng umangsah | sarêng ambyuk kang jurit | kumroyok tantangnya | sami golo[1] pêpanthan | sigra Adipati Pathi | nitih turăngga | adhangah dèn payungi ||
6. kudanira adipati ing Santênan | nama si Pulanggêni | bopong ulêsira | ingkang busana mubyar | nèng têngah rana asirig | wadya ing Tuban | kumrutug ambêdhili ||
7. bêdhil alit [a...]
--- [55] 55 ---
[...lit] tinta klawan kalantaka | lir udan ingkang mimis | wong Pathi kang mangsah | sami kathah kang pêjah | miwah wadya ing Matawis | kathah kang pêjah | wong Tuban ambêdhili ||
8. wong Mataram marakakên ingkang tigas | anggawa pacul linggis | wong Pathi mangkana | prasami gawa ăndha | Ki Dipati Bragolèki | angatag bala | kitha kinèn ngunggahi ||
9. wong ing Pathi kutha iku unggahana | kumêrut wadya Pathi | marakakên ăndha | miwah wadya Mataram | gugub wong Tuban ningali | mriyêm bêrkatan | kang aran Sidamurti ||
10. gih pun gêlap sarêng rêmpu kalihira | jola Dipati Tubin | langkung ngungunira | dhasare wruh ing driya | osiking tyas sang dipati | tan wande bêdhah | nagaraTuban iki ||
11. Sidamurti iyaiku babêrkatan | mêngko wus pisah iki | pasthine salaya | rusake kitha Tuban | kapriye ta ingsun iki | lamun kalaha | anuli brêbês mili ||
12. ki dipati pinarak lawan garwanya | pan sampun dèn bisiki | kabèh garwaningwang | padha sira dandana | lah payo lolos tumuli | bok kêrainan | mungsuh Mataram prapti ||
13. bok kacandhak marang wong Bagêlèn ika | ambêri bajak angkrik | iya dadi apa | wong Kêdhu dhugal-dhugal | sok mênanga ngajak angkrik | angur ngiliya | mupung tamban samangkin ||
14. panakawan kinèn nimbali niyaga | tan dangu nuli
--- [56] 56 ---
prapti | pan kinèn gamêlan | anèng paseban jaba | badhaya kinèn ngêploki | asukan-sukan | dèrèng suda ing galih ||
15. maksih pajêg barise nèng palataran | warnanên sang dipati | mêdal lan garwanya | saking sajroning pura | wus prapta pinggir pasisir | wus numpak palwa | sira Dipati Tubin ||
16. panakawan têtiga ingkang binêkta | garwanipun kêkalih | sêliripun tiga | liyanipun punika | tan ana midhangêt warti | sêpên ing kitha | wau sang adipati ||
17. nuli ana wong dalêm ingkang pawarta | marang sang adipati | sarta aturira | raka dika wus minggat | anjêngêr sang adipati | wadya Madura | pisuhira dharidhil ||
18. baya dudu Si Tuban tusing prawira | kaya bèbèk pangarit | dene wêdi pêjah | cidranipun akathah | dene alune ngapusi | wong tinulungan | têka minggat si anjing ||
19. nuli bubar barise wong Surabaya | ing wayah bangun enjing | wadya ing Madura | enjang numpak baita | wong Tuban mawut anggiling | tangis gumêrah | wong dalêm ting jalêrit ||
20. sirna larut kang baris anèng palatar | gusis wus sami ngili | arêbut baita | gugub tunjang-tinunjang | kathah sarat palwanya ris | tumpang-tinumpang | wênèh kèrêm jaladri ||
21. wus miyarsa wong Pathi miwah Mataram | gumêrah jroning [jro...]
--- [57] 57 ---
[...ning] puri | panjriting wanita | anêrka wong Mataram | wus minggat sang adipati | bubrah palatar | wong Pathi anglêboni ||
22. bata kilèn wong Pathi ingkang binubrah | dening wadya Matawis | kidul kang binêdhah | sami manjing sadaya | wong dalêm rinêbat wani | kadhatonira | jinarah dèn boyongi ||
23. sakathahe wong dalêm wis jinarahan | sami binêkta mijil | dinum lir rajapan[2] | ri sampunnya mangkana | wong Mataram lan wong Pathi | agêgunêman | undure wong Matawis ||
24. sri narendra lagya miyos siniwaka | anèng ing păncaniti | kasaru praptanya | Dipati Martalaya | lawan Adipati Pathi | sah atur sêmbah | wus katur mring sang aji ||
25. trusthèng driya sang nata kalangkung suka | katur tingkahing nguni | Adipati Tuban | sang nata anggêganjar | marang sagung pra dipati | para santana | waradin pra dipati ||
26. para Mantri Mataram tampi ganjaran | miwah kang wadya alit | datan kaliwatan | sami tampi ganjaran | suka tyasira sang aji | miwah kang wadya | kasmaran ing ajurit ||
12. Asmarandana
1. ya ta wau ing sang aji | sri narendra ing Mataram | adangu gènira miyos | sira Arya Jasupănta | sun junjung lungguhira | lan sun paringi jajuluk | Tumênggung
--- [58] 58 ---
Sujanapura ||
2. misuwur mong[3] samatawis | lamun Arya Jasupănta | wus jinunjung mring sang katong | Tumênggung Sujanapura | têtindhih wong panêkar | asisih lan arinipun | Adipati Martalaya ||
3. bubar sang nata tinangkil | miwah sagung kang sewaka | mantuk marang ing wismane | namung lêrêb limang warsa | sultan miyos sineba | pêpak punggawa supênuh | santana miwah satriya ||
4. sri narendra ngandika ris | Tumênggung Sujanapura | sira pradandana age | tindhihana wong Mataram | bêdhahên ing Madura | iya kuthane puniku | lawan si adhi Bragola ||
5. kang sun karya senapati | Tumênggung Sujanapura | kang dadi wêwakil ingong | lawan si kakang Sumêdhang | miwah adhi Bragola | wong pasisir sadaya wus | mangkata ing benjang enjang ||
6. tur sêmbah ingkang tinuding | Tumênggung Sujanapura | bingar saksana ing tyase | lami dènnya ngarsa-arsa | wau karsa narendra | ambêdhaha nagara gung | pêjah angayahan nata ||
7. jêng sultan ngandika malih | hèh Tumênggung Alap-alap | lan Si Katawêngan bae | sira amisaha lampah | pan sira angriwuka | mring Surabaya ing besuk | dimèn awuh aja tandang ||
8. adhi Bragola dèn aglis | muliha marang Santênan | angirida pasisire | kakang Sumêdhang barênga | lawan Sujanapura | wong Pranaraga Madiyun | iridên mêtu ing dharat ||
--- [59] 59 ---
9. rampung timbalan narpati | kondur sang nata ngadhatyan | warnanên panangkilane | sagung kang para dipatya | sami bubar sadaya | kang samya andon anglurug | prasami dandan sanjata ||
10. ing dalu datan kawarni | enjang anata gêgaman | gumyah gumêrah swarane | Tumênggung Sujanapura | nulya nêmbang tangara | wong Sujanapura ngumpul | saha kadang para lurah ||
11. ki adipati ing Pathi | sigra anêmbang tangara | sampun dhingini lakune | mantuk mring nagaranira | lampahe tan winarna | gêgaman agêng nèng pungkur | budhal saking ing Mataram ||
12. wus prapta jabaning taji | swarane wadya wurahan | lir gunung guntur swarane | gaman lir prawata sêkar | ngêbêki wanapringga | agolong sajuru-juru | daludag abra asinang ||
13. ingkang lumampah ing wingking | Ki Tumênggung Jagabaya | lan Panji Wirabumine | Ki Ngabèi Patrabăngsa | Dêmang Suradêksana | lan Ki Răngga Ngawu-awu | lan Si Panji Singajaya ||
14. ingkang lumampah ing ngarsi | Tumênggung Sujanapura | asri tinon busanane | sagung ingkang pra pangeran | lumampah anèng têngah | gêgaman asri dinulu | lir prawata kawêlagar ||
15. ginêlak lampahing baris | gancanging carita prapta | nagari Pajajarane | Ki Tumênggung Katawêngan | lan Tumênggung Lap-alap | pan wus misah barisipun | wus anginêp Surabaya ||
--- [60] 60 ---
16. prapta têpiswiringnèki | Surabaya binajagan | wong desa katrajang gègèr | na ênêng datan kocapa | gantya ing Pathi ika | tata gêgaman gumuruh | sira Dipati Bragola ||
17. sapraptanira ing Pathi | pasisir wus ingutusan | sarta sawadyabalane | prasami dandan baita | andhèr pinggir muara | ing wana gènnya angumpul | sagunging para dipatya ||
18. sira Sang Dipati Pathi | apan lagi anggêganjar | marang ing wadyabalane | agêng alit kawêratan | santana myang punggawa | arta myang busananipun | samya waradin sadaya ||
19. pêpatihira dipati | sira Arya Mangunjaya | lan Arya Jasupantane | dening para mantrinira | Ngabèi Wirasraya | Ngabèi Prawiratanu | Ki Dêmang Panantangyuda ||
20. lan Ki Arya Sawunggaling | Ki Ngabêi Wilatikta | lan Arya Panatasingron | Ngabèi Patramanggala | Ki Dêmang Jalêksana | lan Ngabêi Jawinangun | Ki Tumênggung Binarongan ||
21. baitane warni-warni | pasisir para dipatya | Lêmbugiyunta kècine | jêjêl baita muara | jungkung maya ariban | abra kang baita sêlub | miwah kang baita kapal ||
22. ya ta Adipati Pathi | lajêng anumpak baita | Lêmbugiyunta palwane | pacalang momotan wadya | saha busananira | para Dipati Matarum | prasami numpak baita ||
--- [61] 61 ---
23. ambêkta gamêlan sami | wau Dipati Bragola | tigang rancak gamêlane | Kodokngorèk munggwing ngarsa | pelok kang munggwing têngah | salendro kang munggwing pungkur | galaganjure tinêmbang ||
24. swarane gamêlan asri | lampahe sangsaya nêngah | pinungkul angin agêngê | baita pating balêsar | pan sami prajanjean | sêranging Tuban puniku | labuhe wadya Mataram ||
25. baitane wong pasisir | akathah kang rêbut papan | kang satêngah ana kêndho | ana kadi kuda nyongklang | sawênèh kuda ngêrab | ingkang rikat sampun rawuh | ujung muara ing Tuban ||
26. ênêngna ingkang winarni | kang anèng têngah nglautan | agantya winarna mangke | Tumênggung Sujanapura | ingkang mêdal dharatan | prapta anèng ing Madiun | wadya Mataram sadaya ||
27. ngantosi Dipati Pathi | lawan pasisir sadaya | wuwusên wau lampahe | Dipati Sujanapura | wus prapta nagri Tuban | prasami makuwon sampun | sagung kang para dipatya ||
28. wau kang anèng jaladri | sadaya mêntas dharatan | Ki Dipati Bragolane | panggih lan Sujanapura | prasami pirêmbagan | anuli mundhut parau | Tumênggung Sujanapura ||
29. para bupati pasisir | sadaya saos baita | ingkang badhe titihane | Tumênggung Sujanapura | miwah wadya Mataram | sinaosan palwa sampun | baita aglar
--- [62] 62 ---
muara ||
30. wus dadi rêmbuging jurit | sagung kang para dipatya | layar marang Madurane | Tumênggung Sujanapura | nitih palwa lêlanang | kang wadya mancal sadarum | kumêrab lampahing wadya ||
31. ki adipati ing Pathi | lêmbu ingkang tinihan |[4] miwah sagung santanane | prasami nitih palawang | satriya ing Mataram | sami sinaosan sampun | têtindhih sêdhêng taruna ||
13. Sinom
1. wus angancik ing muara | nagara lêlima sami | prapta gêgisik Madura | warnanên Madura nagri | ingkang para bupati | ing Sampang Ngaribayèku | Dipati Pakacangan | Sumênêp sampun miyarsi | yèn Wong Agung Mataram sêdaya prapta ||
2. prasami mêpak gêgaman | nèng Madura dènnya baris | samana apagunêman | sagung kang para dipati | Natèng Madura angling | kabèh padha sabiyantu | nadhahi wong Mataram | aja na sulayèng budi | yèn riyona ènthèng sinangga ngayuda ||
3. iya gêgaman Mataram | sartane ingkang nindhihi | Tumênggung Sujanapura | ingkang dadi senapati | pranakaning Kadhiri | Sujanapura atêguh | tate amangun yuda | dèn padha yitna ing jurit | kawarnaa wong Mataram sampun prapta ||
4. gègèr wadya ing Madura | gumêrah atata baris | wus budhal saking nagara | prapta pinggiring pasisir | prasami dèn jagani | wong Mataram minggahipun [ming...]
--- [63] 63 ---
[...gahipun] | sampun ayun-ayunan | prasami bêdhil-binêdhil | ramening prang swarane kadi ampuhan ||
5. wong Mataram karepotan | nora olèh papan jurit | sami kathah ingkang pêjah | mundur sami nandhang kanin | nanging maksa angungkih | para prajurit Matarum | miwah wadya Santênan | nulya kasaput ing wêngi | sami mundur wong Mataram rêrêmbugan ||
6. Dipati Sampang Madura | Sumênêp lan Aribanggi | ing Balega Pamêkasan | prasami gunêmên[5] wêngi | Pangran Balega angling | kadipundi karsanipun | sakèhing pra dipatya | prajurite wong Matawis | sampun tita tan purun minggah paratan ||
7. manawi rêmbag sadaya | dimèn minggah wong Matawis | yèn wus minggah ing paratan | sêdhêng angantêpa jurit | yèn asor wong Matawis | pasthi lêbur dening banyu | puniku babar pisan | pasthi botên mangsah malih | wong Mataram pasthi lêbur dening toya ||
8. para bupati wus rêmbag | sami ngudhangan[6] ing latri | sakèhe para prawira | prasami mêndhêm kariyin | mèn cunggah wong Matawis | satêlase baturipun | yèn mêntas mring paratan | anulya dèn amuk wani | pasthi bubar wong Mataram ting kurambang ||
9. kunêng ingkang kawuwusan | agênti ingkang winarni [wi...]
--- [64] 64 ---
[...narni] | Tumênggung Sujanapura | lan sagung para prajurit | prasami dèn utusi | sadaya sami tumurun | nitih baita kapal | pra dipati sampun prapti | pan uminggah mring palwane Janapura ||
10. prasami apagunêman | Janapura muwus aris | mring sagung para dipatya | paran dayanira jurit | wong cilik akèh mati | datan ana dayanipun | inggih anggèr Santênan | kadospundi ingkang galih | ngamuêna[7] makatên măngsa sampuna ||
11. miwah Pangeran Sumêdhang | lah dawêg ingkang pinikir | angling Dipati Bragola | pan dika kakang rumiyin | karsa dika sayêkti | kawula darmi lumaku | miwah para dipatya | sadaya sami nglampahi | sakalangkung pangêrèhe kakang êmas ||
12. sanadyan kakang Sumêdhang | măngsa puruna nglancangi | kakang saking karsa dika | Janapura muwus aris | pan inggih yèn suwawi | sami ngawaki prang pupuh | sampun ngamungna wadya | sakèhing para dipati | angirida para bupati sadaya ||
13. ya ta Dipati Bragola | miyarsa lêga ing galih | mring wuwuse Janapura | ngandika Dipati Pathi | inggih kakang suwawi | sami rêmbag gathak-gathuk | botên kakèhan polah | dipati sami ngawaki | sampun rêmbug sagung kang para dipatya ||
14. sakèhing para dipatya | ingkang arsa mangun jurit | bupatine nindhihana | lamun pinapag ing jurit | sakèhing [sakèh...]
--- [65] 65 ---
[...ing] wong pasisir | pan nêdha barêng angamuk | aja ana ngungsira | dèn nêdya barênga mati | pra dipati sami gilig rêmbugira ||
15. sampune aprajanjeyan | mangkana wus bangun enjing | sadaya minggah dharatan | sasampuning rêmbag sami | bubar kang gunêm pikir | wus prapta baitanipun | sagung para dipatya | wadyane sampun acawis | kawarnaa sarêng wanci bangun enjang ||
16. sami minggirakên palwa | prajurite rêbut dhingin | tan ana sabawanira | prasami mêntas aririh | sami angati-ati | prapta ing dharatan wau | sigra nata gêgaman | wadya Mataram nindhihi | ing wurine wadya pasisir sadaya ||
17. samana wus byar rahina | gêgamane wus piranti | pasisir sami busêkan | dene wadya ing Matawis | mriyêm pinasang sami | kalantaka miwah masbun | mlela lawan lêlanang | ênggèning sampun miranti | kang kocapa wong Sampang lan wong Balega ||
18. sarêng wayah bangun rina | prasami kinèn dombani | kagyat dènira tumingal | dene wong Mataram prapti | miwah wadya pasisir | pan wus tata barisipun | miwah para santana | gêgamane wus andadi | ungguling prang angêdhangkrang pinayungan ||
19. Tumênggung Sujanapura | kang dadya dhadhaning jurit | kang dadi pangawat kanan | wau dipati ing Pathi | adhangah payung kuning | pangawat kanan puniku | pangeran [pangera...]
--- [66] 66 ---
[...n] ing Sumêdhang | lan sagung măncanagari | wong pasisir ngiring Dipati Bragola ||
20. para santana Mataram | ênggène nèng wuri têbih | Tumênggung Sujanapura | tangara bêndhe myang bèri | miwah Wong Agung Pathi | kang bêndhe tinabuh ngungkung | têtêgnya asauran | swarane wong ing pasisir | ting jalêmprit barungan kriciking watang ||
21. ing Sampang sigra tangara | wadya lit atata baris | kadhinginan papanira | dening têkane awêngi | tan ana bana sami | kalamun ngunggahan dalu | gugub sakèhing wadya | pati-pati babêntusi | wong Mataram surake ambal-ambalan ||
22. wong Madura sami mêdal | tatane pating bêlasik | agugub yèn sêlak prapta | wadya Mataram bêdhili | bala Sampang kèh mati | wong Madura singa mundur | apan wus kaprantenan | singa mara mara mati | wong Madura singa mundur nandhang brana ||
23. sagunging wong Maduranan | pra dipati ngarsanya ris | sami ngawaka priyangga | sami ngantêpa ajurit | dipati papat kait | wus sêdya sarêng angamuk | dipati ing Mêkasan | wus rêmbag ngantêp ing jurit | wus arêmbag lêlêbur anèng jro pura ||
24. kait lan wong Surabaya | Balega Sumênêp sami | sampun arêmbag sadaya | Dipati Sampang nuruti | rêmbagnya pan wus dadi | anulya tangara nêmpuh | surak ambal-ambalan |
--- [67] 67 ---
kadi ombaking jaladri | kumarutug lir pawata[8] guwang sela ||
25. kalantaka asauran | kumrutug sanjata muni | swarane kadi ampuhan | sêsambate wadya kanin | wong Sampang akèh mati | wong Mataram samya luput | wong Madura kèh pêjah | prandene maksa angungkih | ambêg pêjah wong Sampang majêng sadaya ||
26. sami sudira ing manah | bupati sami ngawaki | ing Mataram sigra mara | pangagêng sigra ngawaki | dipati ing pasisir | Bragola têtindhihipun | sarêng mangsah ing yuda | wong Sampang anêmpuh wani | sarêng ngamuk tan ana nêdya mundura ||
14. Durma
1. prajurite wong Mataram sigra mara | aran Ki Jagapati | tandange lir sima | sêsuta suda pangan | wong Mataram anadhahi | prasami pêjah | ana prajurit maning ||
2. anarajang ingkang aran Jayèngkara | lawan Ki Jayèngpati | lawan Jayèngbrata | lawan Răngga Gundhala | Jayèngrana datan kari | Suradilaga | lêlurahing prajurit ||
3. mangundara kalawan Dêmang Cêkakak | lan Răngga Thonathani | Dêmang Bêrana |[9] lan Dêmang Bêgajagan | Ki Ngabèi Golang-galing | Panji Porangan | lan Dêmang Bolak-bolik ||
4. sarêng nêmpuh tandange lir gajah mêta | wong Pathi anadhahi | Dipati Bragola | akukuh yudanira | angêdhangkrang payung kuning | ingamuk sigra | dèn êbyuk [ê...]
--- [68] 68 ---
[...byuk] tan gumungsir ||
5. prit anêba gêlare wadya Madura | sadaya golong pipis | sagunging dipatya | kapat ngawaki yuda | wadya Mataram nadhahi | ulêng-ulêngan | rame asilih ungkih ||
6. wong Mataram gêlare garudha nglayang | sabête wadya Pathi | bala ing Pasundhan | tinêmpuh pêngkuh tadhah | wong Madura anguwati | dimêr ngamuknya | tan ana ngucap ajrih ||
7. Adipati Pasundhan balane rusak | mawur wadya pasisir | Dipati Sumêdhang | tinilar wadyanira | wus rusak tataning baris | ya ta tumingal | adipati ing Pathi ||
8. ngajêngakên sagunging măncanagara | ngêbyuki saking kering | binendrong sanjata | miwah Sujanapura | anrêgakên ingkang baris | wadya Mataram | prasami buwang bêdhil ||
9. caruk awor kang yuda sami prawira | rame ingungkih-ungkih | aliru gonira | tan ana nêdya gêsang | wong Madura akèh mati | karoban lawan | ngamuk tan angundhili ||
10. Adipati Sumêdhang sawadyanira | ingkang lumayu bali | nêlambung ing yuda | wong Madura anjola | wus rusak tataning baris | saya kèh pêjah | miwah kang nandhang kanin ||
11. wong Madura sakarine ingkang pêjah | ngisis lumayu gêndring | sami salang tunjang | dipati ing Madura | Sumênêp sami lumaris | wadya Madura | palayune tan olih ||
12. wong Mataram pamburune lir danawa | amăngsa olèh daging | wadya ing Mataram | lir
--- [69] 69 ---
bajo angêjawa | ingkang kacandhak kèh mati | mawut sasaran | pati-pati bêntusi ||
13. pan kasaput ing dalu sapih kang yuda | amasanggrangan sami | sagung pra dipatya | Tumênggung Janapura | miwah Adipati Pathi | wus masanggrangan | suka wadya Matawis ||
14. Ki Tumênggung Sujanapura samana | akasukan ing latri | sami babêdhayan | kumpul wong Janapuran | wau kang Dipati Pathi | sabalanira | sami sayah ing jurit ||
15. Adipati Bragola eca anendra | gantya ingkang winarni | wong Sampang Balega | Sumênêp ing Mêkasan | Pakacangan Aribanggi | apagunêman | sêdya mangamuk wêngi ||
16. Adipati Mêkasan asru ngandika | ana anggawa mênir | padha sasêliran | mantri ingkang prawira | sok matia salah siji | wong ing Mataram | kang dadi senapati ||
17. pondhokane Dipati Sujanapura | payo jinujug dhingin | anuli umangkat | wong Sampang wong Balega | Sumênêp lan Aribanggi | anulya prapta | pondhokaning Matawis ||
18. wus lumêbu pondhokane Janapura | sigra angamuk wani | gègèr wong Mataram | Tumênggung Janapura | badhayane dèn kêploki | angamuk rampak | kumroyok anumbaki ||
19. Adipati Mêkasan nuli narajang | mring Janapura[10] aglis | sigra anêlêmpak | Tumênggung Janapura | atangginas tangkis kêris | maksa dharadhag | gulu iringan kêni ||
20. amung bilur
--- [70] 70 ---
Sujanapura aniba | pan nuli dèn kakahi | mring sang adipatya | ing Pamêkasan sigra | sinuduk jajanya kêni | lali sakala | uwal dènnya ngakahi ||
21. wus lumayu Dipati ing Pamêkasan | pan sarwi nandhang kanin | ingkang ngamuk bubar | Dipati ing Mêkasan | pêjah anèng puranèki | Sujanapura | pêjah nèng puranya glis ||
22. sakathahe para santana Mataram | tan ana mirsa warti | wong măncanagara | pasisir tan uninga | jêjêlèh pating jalurit | Sujanapura | swarane wong anangis ||
23. ing pondhokan Sujanapura gumêrah | ya ta Wong Agung Pathi | pan sampun siyaga | miwah sawadyabala | para bupati pasisir | sigra tangara | gumrah swaraning jalmi ||
24. wus misuwur Tumênggung Sujanapura | pan sampun angêmasi | Dipati Bragola | kalangkung ngungunira | wadya Mataram awringwringn[11] | têtungguling prang | dene sampun ngêmasi ||
25. pra santana sadaya pan sampun prapta | ing Janapuran aglis | Dipati Bragola | pangeran ing Sumêdhang | prasamya rêmbagan sami | para santana | lan sagung pra dipati ||
26. sapêjahe Tumênggung Sujanapura | kêkês wadya Matawis | dadya rêmbagira | santana pra dipatya | wau Adipati pathi | ingkang kinarya | uyun-uyuning jurit ||
27. Jêng Pangeran Sêlarong ing rêmbagira | mantuk dhatêng Matawis | ngunjuki uninga | dhatêng sri naranata | Pangeran Sêlarong aglis | numpak [nu...]
--- [71] 71 ---
[...mpak] ing palwa | tan kawarna ing margi ||
28. gêgancangan lampahe prapta Mataram | lumêbèng jroning puri | umatur sang nata | amba atur uninga | ngaturakên pati urip | tiwasing karya | tan jaya ing ajurit ||
29. abdi dalêm Sujanapura palastra | giris wadya Matawis | tan wontên maguta | yudane wong Madura | anjêngêr sri narapati | datan ngandika | Sri Bupati Matawis ||
30. hèh Sêlarong kayaparan karsanira | ing mêngko wong Matawis | yèn mêngkono uga | apa kinèn mundura | Pangran Silarong tur bêkti | atur kawula | nuwun duka narpati ||
31. yèn marêngi ing karsa sri naranata | pun kaki Jurukithing | tuwan lampahêna | dhumatêng ing Madura | kagyan[12] ngandika sang aji | pan maksih gêsang | si kaki Jurukithing ||
32. pan dèn aglis ya si kaki timbalana | milua nglurug aglis | marang nagri Sampang | sigra Pangran Dipatya | Silarong tur sêmbah pamit | mijil ing jaba | gêgancangan lumaris ||
33. tan winarna ing marga sampun aprapta | ing Pagambiran aglis | anuli kapêdhak | kalawan ingkang eyang | sinapa sêbdanya ris |[13] dhatêng kang eyang | Pangran Slarong ngujungi ||
34. sapa iki kang wayah sigra tur sêmbah | wayah dika pribadi | Silarong Pangeran | kagyat wau kang eyang | kadi pangeran praptèki | baya na karya | pangran umatur inggih ||
35. pan kawula ingutus wayah paduka | Sri Narendra Matawis | nimbali paduka | lah iya ana
--- [72] 72 ---
apa | animbali marang mami | karsa narendra | pangran umatur aris ||
36. lah paduka eyang kinèn angluruga | mring Madura nagari | ingkang prang Madura | senapatine pêjah | wong Mataram sami wingwrin | mila paduka | abantu ing ajurit ||
37. asarênga eyang kalihan kawula | abantu ing ajurit | Ki Juru lon ngucap | wus lali ingsun aprang | lêlakone tan kadugi | matur kang wayah | kawula tandhu kaki ||
38. sigra mangkat Ki Juru lawan kang wayah | nitih tandhu nulya glis | tan kawarnèng marga | prapta ing ngarsa nata | sri narendra ing Matawis | dika lumampah | mring Madura nagari ||
39. sigra Pangran Salarong mangkat sawadya | lan Kyai Jurukithing | tan kawarnèng marga | prapta nagri Madura | wau ta samya kapanggih | para dipatya | lawan Ki Jurukithing ||
40. sami inggar sagung kang para dipatya | sadaya angujungi | miwah pra santana | sami atur pranata | mangraub padanya aglis | ya ta ngandika | Pangeran Jurukithing ||
41. sapa baya sapatine Janapura | senapatining jurit | matur pra dipatya | inggih wayah andika | ki adipati ing Pathi | ingkang minăngka | senapatining jurit ||
42. Kyai Juru angliwêt ing kêndhilira | pan sampun matêng aglis | nuli kinêpêlan | Ki Juru angandika | hèh
--- [73] 73 ---
jêbêng Dipati Pathi | sira dumana | mring sagung pra dipati ||
43. wus ingêdum sakèhing para dipatya | ya ta wadya Matawis | ingkang pêjah rana | prasami ginêntenan | marang ing anakirèki | kang tanpa suta | kapunakan kang dadi ||
44. kang sawênèh sadulure kang gumantya | sawênèh sanaknêki | ingkang lêsning pisan | tanpa suta myang kadang | pratinggine desa dadi | sampun warata | sêsulihing kang mati ||
45. Pangran Juru samana akèn liwêta | pan kêndhilira malih | aglis matêngira | apan sami dinuman | sawarnane kang prajurit | sampun warata | sigra tangara muni ||
46. pan gumêrah swarane wadya Mataram | siyaga magut jurit | kang para dipatya | miwah para punggawa | rêmbage angantêp jurit | umyang gumêrah | swarane bêndhe muni ||
47. dyan warnanêng para dipati ing Sampang | têngara magut jurit | kang para dipatya | miwah para punggawa | Sampang Balega Ribanggi | rêmbag sadaya | sami rêmpon ing jurit ||
48. sampun prapta ing rana sawang-sinawang | wong Madura ningali | agiris sadaya | prajurite Madura | tan ana ingkang darbèni | wanine ilang | langkung dènira wingwrin ||
49. nuli bubar barise Dipati Sampang | lumayu rêbut dhingin | wong Pathi Mataram | lir buta amamăngsa | ingkang kacandhak kèh mati | kang kawuwusa | Dipati Sampang prapti ||
50. ing jro kitha rêmbage samya nungkula | ngaturkên pati urip | ing Sultan Mataram | pan sampun karya surat |
--- [74] 74 ---
utusan sampun lumaris | Sang Adipatya | Sumêdhang lan ing pathi ||
51. pan wus katur surat dhatêng ingkang putra | Sumêdhang lan ing Pathi | têmbunge kang surat | anuwun tinanggunga | inggih dipati kêkalih | tur pêjah gêsang | dhatêng Sultan Matawis ||
52. langkung suka manahe Pangran Sumêdhang | miwah Dipati Pathi | nulya ingundhangan | wadyabala Mataram | yèn nungkul sang adipati | wus atur surat | anungkul ambêg manis ||
15. Dhandhanggula
1. tan kawarna wadya ing Matawis | pan anglarug mring kitha Balega | jinarah rajabranane | dipatine anungkul | wus binêkta marang Matawis | Dipati Ngaribaya | ngungsi marang gunung | kithane sampun jinarah | wong sadalêm sadaya wun[14] dèn boyongi | lêbar kitha lêlima ||
2. Pakacangan lan ing Arisbanggi | ing Sumênêp Madura Mêkasan | lêbur binoyongan kabèh | mung nagri Sampang wutuh | pan punika têluk kariyin | dènnya tur pêjah gêsang | ya ta wong Matarum | sami andudum boyongan | tan winarna pan arsa budhalan aglis | wong agung ing Mataram ||
3. Sang Dipati Sampang wus acawis | gya binêkta mring nagri Mataram | ambêkta wong sèwu kèhe | anuli budhal sampun | wadya Sampang marang Matawis | gumrah swaraning janma | adandan pêrau | sampun alayar sadaya | tan adangu lampahe prapta Garêsik | alaju lampahira ||
4. sakathahnya bupati pasisir | sami lajêng mring nagri Mataram | miwah măncanagarane | ya ta Pangeran [Pange...]
--- [75] 75 ---
[...ran] Juru | ing Sumêdhang lan adipati | ing Pathi pirêmbagan | utusan rumuhun | wus katur sri naranata | panungkule Dipati Sampang lan malih | Balega Pakacangngan ||
5. gya sinêrot lampahe duta tri | sampun prapta nagri ing Mataram | katur sadaya solahe | wau ta sang aprabu | wis utusan mantri kêkalih | tan kawarna ing marga | dumrojog wus pangguh | gêgaman agêng samana | dyan kapêthuk dutane sri narapati | nulya sami saseban ||
6. ri saksana utusan Matawis | dhawuhakên timbalan sang nata | Adipati Balegane | kinèn nyuduki sampun | Adipati Balega mati | jisimbe wus pinêtak | nèng jurang jro iku | makame dadi kêramat | Sang Dipati ing Sampang wus dèn timbali | duk bêdhahe nagara ||
7. ubah ing patrap tataning jalmi | duk bêdhahe nagara Madura | sarta Balega patine | wau ta kang winuwus | balanira Prabu Matawis | wis prapta ing nagara | dhawuh sang aprabu | lagya miyos siniwaka | pêpak andhèr punggawa samya tinangkil | kang saking lurug prapta ||
8. Pangran Jurukithing wus kapanggih | lan kang wayah Sang Prabu Ngalaga | lan Dipati Bragolane | Pangran Sumêdhang wau | gêntos-gêntos dènnya ngabêkti | ngaturakên boyongan | katur mring sang prabu | trustha ing wardayanira | sri narendra rêsêp dènira ningali | marang Dipati Sampang ||
9. sru
--- [76] 76 ---
ngandika wau sri bupati | hèh dipati ing Sampang ta sira | sun aku anak yêktine | Dipati Sampang nuwun | pan angrêpa sujud ing siti | sang prabu anggêganjar | marang wadyanipun | bupati lawan satriya | pan sadaya ginanjar sami waradin | miwah Dipati Sampang ||
10. busanane sami adi luwih | pan sinami lawan para putra | pinrênah padalêmane | pinutra-putra danu | pinaringan nagari katri | Madura ing Balega | Ngarisbaya wau | sri narendra adiningrat | ingkang saking Kajêragan ta ing nguni | wastane Gêniroga ||
11. apan mangke wus jinunjung linggih | pan kinarya patih jro samana | Endranata kêkasihe | sultan jêngkar ngadhatun | cinarita pan sampun lami | antara pitung căndra | Sang Prabu Matarum | miyos siniwakèng wadya | pêpak andhèr punggawa para prajurit | jibêk nèng panangkilan ||
12. sri narendra angandika aris | hèh Tumênggung Mangunonêng sira | lawan Si Yudapranane | Si Katawêngan iku | padha sira dandana aglis | ambêdhah Surabaya | katiga wotsampun[15] | sakèhing măncanagara | tindhihana putraningsun ki dipati | ing Sampang ngurunana ||
13. abarisa ing trêrusan benjing | aja yuda yèn nora dilanggar | arahên kurune bae | rampung dhawah sang prabu | nuli jêngkar lumêbèng puri | warnanên panangkilan | sarêng bubaripun [bubari...]
--- [77] 77 ---
[...pun] | kang arsa budhal ing yuda | Ki Tumênggung Mangunonêng mêpak baris | kalawan Alap-alap ||
14. sampun mêpak wadya ing Matawis | nulya budhal lampahe arikat | datan kawarna lamine | nagri Japan wus rawuh | ing têrusan dènira baris | bangawan sinangkrahan | binêbêg binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan prabata lan golang-galing | dadya wong Surabaya ||
15. nora nana toya kang binukti | kang angombe pan dadi laranya | awatuk lara wêtênge | mantri rêmbug anungkul | kang sawênèh arêmbug jurit | ana ngajak nungkula | apan sampun katur | mring Pangeran Surabaya | siniwaka wau sakathahing mantri | răngga kalawan dêmang ||
16. pra tumênggung pêpak sami nangkil | para mantri lan para santana | prasami pêpakan andhèr | sadaya sami matur | kang sawênèh angajak jurit | sawênèh ngajak seba | èmêng manahipun | Jêng Pangeran Surabaya | Tambakbaya kumitir bèr kang kuwanin | lumaku ingabêna ||
17. wong Surabaya sadaya angling | Tambakbaya paksa kumawawa | kudu sumanggub yudane | yèn ajaa karuhun | nora kongsi tilar nagari | duk anèng nagri Pajang | bisa uga iku | wong mati angajak-ajak | Tambakbaya burone Prabu Matawis | iku angajak rusak ||
18. langkung èmêng wau sang dipati | di-/ pun galih ingkang pra dipatya [78] [78] | angajak nungkul bêcike | rina sajroning kalbu | jêng pangêran rumasa isin | mangkya sangsaya lama | kang wadya kêh kuru | wong Surabaya kèmêngan | sakathahe wadya ingkang ngajak jurit | sami nungkul sadaya ||
19. marang kangjêng prabu narapati | dadya Pangêran ing Surabaya | kagegeran ing manahe | anungkul karsanipun | anuruti kang para mantri | lah sira putraningwang | sebaa karuhun | lah ingsun nora tumindak | putranipun Mas Pêkik sun karya wakil | ngirida mantriningwang ||
20. sakathahe ingkang para mantri | dhatêng Pangran Surapringga ika | pangraos kawula anggèr | putra tuwan pukulun | kados botên mungkasi kardi | yên suwawi ing karsa | lêrês tuwan iku | tumindak kakang prayoga | apanggiha lan putra tuwan Matawis | suka mantri sadaya ||
21. Jêng Pangeran Surabaya angling | ingsun warah kabèh karsaningwang | nanging ingsun durung sae | têmua sang aprabu | amung putraningsun pribadi | Mas Pêkik lumakua | dadi wakil ingsung | ngong pasrahakên Hyang Suksma | lara pati ngong srahakên ing Hyang Widi | măngsa bodhoa dhalang ||
22. lah ta sira kang sun kon ngêtut wuri |[16] ngatêrêna marang putraningwang | ingkang dadi saratine | anggawaa wong sèwu | kang sakèhe para dipati | gawaa
--- [79] 79 ---
rajabrana | iki layar ingsun | aturêna mring utusan | ingkang baris anèng ing têrusan nguni | Mangunonêng kang nama ||
23. sigra mangkat wau sang dipati | pan ingiring mantri Surabaya | prasamya munggèng wurine | rajabrana pinikul | pan akatah rajabrana di | pan kinarya pratăndha | ing panungkulipun | sapraptanira paseban | pêpak andhèr wadyabala ing Matawis | ebat wong Surabaya ||
24. Kyai Dêmang Urawan dhingini | bêkta surat wau nulya prapta | anjujug pondhokan gêdhe | Mangunonêng gya mêtu | Ki Urawan dipun panggihi | wus tinampan kang surat | wus sinukmèng kalbu | ungêle ingkang nawala | tuhu nungkul Pangran Surapringga nangkil | putranipun kewala ||
25. Mangunonêng suka dènira ngling | iki bênêr karsaning dipatya | pan angeman nagarane | nanging kuciwanipun | dene wangkil putranira di | Mangunonêng gya ngucap | paran ta ing rêmbug | para mantri aturira | măngsaborong Mangunonêng ngandika ris | gêgaman nulya budhal ||
26. Kyai Dêmang Urawan gya mulih | sigra matur marang radèn putra | pan wus katrima lakune | Mangunonêng winuwus | gya putusan marang Matawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul | ing dalu datan kocapa | enjang budhal sakèhing wadya Matawis | miwah wong Surabaya ||
27. kawarnaa lampahirèng [lampah...]
--- [80] 80 ---
[...irèng] margi | inggih sampun prapta Pranaraga | prasami arêrêb kabèh | kawarnaa ing ênu | Mangunonêng lan ki ngabèi | Ki Tawêngan samana | mapan sampun rêmbug | Yudaprana alon mojar | kadipundi Pangeran ing Surawèsthi | têka botên lumampah ||
28. datan eca raose ing galih | bokmanawi manahe tan lamba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | gih makatên rêmbug puniki | suwawi ingutusan | lamun sida nungkul | anulya aglis nusula | Mangunonêng utusan mantri kêkalih | mring nagri Surabaya ||
29. Radèn Pêkik binêktanan mantri | Ki Urawan kinèn umatura | dèn asangêt mring ramane | ingutus wus alaju | tan winarna pan sampun prapti | tumamèng jroning pura | Urawan umatur | sampeyan gusti ngaturan | dhatêng putra paduka dhatêng Matawis | panggih lan Kanjêng Sultan ||
30. jêng pangeran agupuh nulya glis | nulya dadan[17] angambili kuda | sarwi nutuh salirane | angraos lêpatipun | yèn nganggoa rêmbaging mantri | kaya lamun mangkana | manahe anglalu | manawa ta Kanjêng Sultan | darbe adil paramarta marang mami | cupêt balilon ingwang ||
31. sigra budhal wau Sang Dipati | Surabaya miwah Tambakbaya | binakta seba ngarsane | Jagarana tan kantun | Adipati Pajang tan kari | mring Pangran Surabaya | lampah lêlastantun | dèn anti mring Pranaraga | Adipati [Adi...]
--- [81] 81 ---
[...pati] ing Surapringga wus prapti | nagara Pranaraga ||
32. nuju sineba kang para mantri | Mangunonêng lan Ki Katawêngan | Yudaprana sakancane | rêrêp anèng ing ngriku | pan anganti karsa sang aji | samana sampun prapta | utusan sang prabu | amundhi ngandika nata | punang duta lan Mangunonêng wus panggih | pangran sigra utusan ||
33. Pangran Surabaya sigra prapti | gya wong gandhèk Mataram asigra | dhawuhakên timbalane | andika kinèn wangsul | lawan putra tumuta bali | mring nagri Surabaya | karsane sang prabu | mung Ki Arya Tambakbaya | kang pinundhut binaktaa mring Matawis | lawan Tumênggung Pajang ||
34. lan sakèhing sagung para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga samangke | putra dika sang prabu | apan arsa wau udani | mantri ing Surapringga | dipati tumungkul | datan kuwawa lênggana | ing karsane Sri Naranata Matawis | Surabaya katura ||
35. nadyan silih pati lawan urip | pan sumăngga katur sri narendra | datan kuwasa adarbe | sadaya mapan katur | pêjah gêsang tan andarbèni | Mangunonêng gya budhal | prapta ing Matarum | katur solahe sadaya | para mantri Surabaya apan nenggih | prasami ingandikan ||
36. răngga dêmang kalawan ngabèi | sri narendra alon angandika | hèh tumênggung sapajange |
--- [82] 82 ---
sira sun karya sêpuh | babundhêle wong Surawèsthi | ing mêngko namung sira | kapracayan ingsun | iya tumênggung sapajang | ingkang dadya têtindhihing para mantri | ana ing Surabaya ||
37. padha sira mulia dèn aglis | ywa kalawan paman Pranaraga | padha ampirana bae | padha gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | umah ajaban kitha | aywa wèhi batur | kang kinèn tur sêmbah mentar | tan winarna praptè[18] Pranaraga mampir | pangeran wus binêkta ||
38. tan winarna ing marga wus prapti | Surabaya Tumênggung Sapajang | kang gêntèni kêkithane | pangeran ênggènipun | pêrampelan saanak rabi | ênêngna Surabaya | ucapên ta wau | Kangjêng Sultan ing Ngalaga | dina Soma sang nata miyos tinangkil | wadya jingga nonoman ||
16. Durma
1. pan wus pêpak sagung bala ingkang seba | magêrsari marapit | lêmbing tulup pêdhang | kalawan tumbak sulam | wong anutra amêrapit | wong priyataka | munggwing ngarsa tan têbih ||
2. saragêni ajajar ana ing ngarsa | banderanya marapit | warnanên kang seba | kaparak Jagabaya | Angkraknyana sisihnèki | kapilih ika | sisi samya kapilih ||
3. Udaraga asisih lawan niyaga | wong Nirbaya anangkil | lan wong Kartiyasa | sisih lan Wisamarta | wong Brajanala asisih | wong Brajayasa | sadaya samya nangkil [nang...]
--- [83] 83 ---
[...kil] ||
4. Astranoga asisih wong Maondara | wong Judhipati sisih | lan wong Wijakăngka | samya nangkil sadaya | wong Margăngsa anèng wuri | wong Suranata | asisih lawan carik ||
5. Panêmbahan Purabaya anèng ngarsa | lawan kang rayi-rayi | ywa Pangeran Arya | Wiramênggala seba | lan Pangeran Singasari | lan Têpasana | myang Dêmang Tanpanangkil ||
6. lan Pangeran Juminah sampun aseba | Pangeran Mangkubumi | Pangran Puger sêba | Miwah Pangeran Sampang | Sadaya prasamya nangkil | para santana | Pangeran Sukawati ||
7. myang Pangeran Balitar samya aseba | miwah para dipati | Pangran Martasana | miwah Prawiratruna | Arya Pulangjiwa nangkil | arya Tanpolas | lan Rănggawirasari ||
8. Adipati Martalaya wus aseba | lawan Sang Adipati | Pamênang aseba | lan Pangran Pinggalaya | punika ingkang anangkil | Kusumayuda | Dêmang Malaya nangkil ||
9. Rajaniti kalawan Ki Katawêngan | lawan Ki Wiramantri | pan sami wadana | Ki Tumênggung Mandraka | lan Ki Tapèngsaran nangkil | kalawan sira | Ki Arya Dhadhaptulis ||
10. pêpak kabèh para dipati kang seba | Endranata anangkil | Singaranu seba | Tumênggung Wiraguna | Arya Yudaprana nangkil | Ki Alap-alap [Alap-a...]
--- [84] 84 ---
[...lap] | Mangunonêng Dipati ||
11. Radèn Pamot ingkang munggwing ing ngayunan | Ki Kulăndaragêni | lan Ki Salisingan | Ki Panji Singajaya | Ngabèi Patrabăngsa ris | Suramanggala | Surayuda anangkil ||
12. Ki Tumênggung Sindubaya munggwing ngarsa | lawan Jamanggala ris | Ki Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | lan Ki Panji Wirabumi | Astrawadana | Arya Panular nangkil ||
13. Ki Ngabèi Randêl lan Wirataka |[19] Kandhuruan ing Wêdhi | myang Kartamanggala | pan wong Nandhon punika | Dipati Madura nangkil | wong Numbakanyar | sèwu lawan wong bumi ||
14. wong Banyumas têngahan lan wong Pasundhan | Ciancang lan Ciamis | Tumênggung Ciancang | Wiramantri kang nama | Wiraduta ing Ciamis | Tumênggung Suma- | dinala Ribon nagri ||
15. Sukapura ing Bandung Parakan Mucang | Cilanggu Ungkur nênggih | Pangeran Sumêdhang | punika wadananya | Darmayuda sarêng nangkil | Ki Jaluhita | Cianjur samya nangkil ||
16. ing Carêbon pangerane sami seba | sadaya sami nangkil | pêpak nèng Mataram | miwah măncanagara | sawetaning gunung Wilis | pêpak sadaya | anèng ngarsa narpati ||
17. pra dipati pasisir wismèng Mataram | wetaning Batang nênggih | kulon Balambangan | wismanèng ing Mataram | jêjêl sumiwèng narpati | tanpa wilangan | wadya ingkang anangkil ||
18. Kangjêng Sultan Ngalaga alon [a...]
--- [85] 85 ---
[...lon] ngandika | apa mulane Pathi | adhi mas Bragola | nora katon asèba | iki pêpak wong pasisir | măncanagara | mangsane uga mangkin ||
19. gya Tumênggung Endranata atur sêmbah | kawula tur pawarti | inggih rayi tuwan | pasisir lèr punika | sadaya dipun irupi | Nglasêm Juwana | ing Gobogan[20] wus kerit ||
20. among Dêmak kang maksih muwêr ing kitha | wong cilik dèn bahaki | Kudus lawan Rêmbang | pun Kalinyamat kêna | Pajangkungan Blora kerit | kawênang-wênang | rayi paduka Pathi ||
21. èsmu duka sri narèndra angandika | lah iya adhi bêcik | ngayoni maringwang | lah uwa Purubaya | andika pikir sayêkti | sintên prayoga | tandhinga lan si adhi ||
22. inggih uwa Purubaya karsaningwang | kula tindak pribadi | inggih adhi êmas | Bragola ing Santênan | arsa ngayoni mring mami | tandhing prawira | bok iya sun turuti ||
23. wong Mataram kêbat prasami dandana | ingsun umangkat enjing | sagung pra dipatya | sami matur sandika | sang nata jêngkar tinangkil | lumebèng pura | ginarêbêg pra cèthi ||
24. kawarnaa enjang anêmbang tangara | orêg wadya Matawis | amêpak gêgaman | sadaya sami prapta | ing ngalun-alun abaris | ambèr mring pasar | ing luru[21] jêjêl baris ||
25. nora kêna[22] lurung kambah mring wong liwat | kèbêkan [kèbêka...]
--- [86] 86 ---
[...n] dening baris | miwah kang turăngga | pirang-pirang asinang | lir samudra tanpa têpi | lamun sinawang | anglir prawata sari ||
26. gêgamane wong pasisir warna-warna | ingkang binolang kuning | ing mas kapurancang | ana pinothang lima | wargu ganjur lawan lêmbing | kang tumpêr ing mas | ana kang tumbak putih ||
27. pan wong Sampang kang landheyan bolang-bolang | tumbak sulam marapit | ponthang puput aglar | tulup lêmbing lan pêdhang | kang prajurit bêcik-bêcik | abrêngos capang | ingkang panjang pinuntir ||
28. Kangjêng Sultan sampun angrasuk busana | angagêm kyai gondhil | akuluk bathokan | rinangkêp dhasthar[23] Arab | anyuriga dhuwung kalih | Kyai Balabar | Ki Sangkêlat nèng ngarsi ||
29. sigra miyos orêg wadya ing Mataram | gêgaman dalêm mijil | sarêgêni tembak | umyang kang tumbak abang | wargu ganjur lan panjalin | sinulam êmas | galathik mungup ngarsi ||
30. sri narendra akèn anêmbang tangara | budhal sakèhing baris | nulya tinêtêgan | budhal baris pangarsa | kadya ru-ara kang bumi | swaraning jalma | angupu anauri ||
31. asauran swaraning turăngga liman | lir ombak ing jaladri | kricike ing watang | abra lêlayu sinang | dinulu anggêgirisi | untabing bala | lir awun-awun gêni ||
--- [87] 87 ---
32. sri narendra sigra anitih turăngga | budhal sagunging baris | dinulu awêndran | bala tanpa wilangan | andulur lampahing baris | para santana | ingkang mugwing[24] kang wuri ||
33. dyan wus prapta gêgaman agêng sadaya | nênggih jabaning taji | anglarug lampahnya | pan wus prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | măncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||
34. Kangjêng Sultan Ngalaga rêrêb ing Pajang | wadya ingkang dhingini | sami ambêbahak | ing Pathi padêdesan | rinayah kang kêbo sapi | ingkang abăngga | banjur dipun patèni ||
35. wong desane lumayu sajroning kitha | sami atur upêksi | ing lêlurahira | ya ta kang kawarnaa | sira dipati ing Pathi | mêpak gêgaman | miwah kang para mantri ||
36. Radyan Arya Kêndhuruan anèng ngarsa | lan Arya Sawunggalling | Arya Sindurêja | Ngabèi Wirapraya | Tumênggung Wiramênggali | riya kulonan | binarong munggwi[25] ngarsi ||
37. sira Arya Mangunjaya jajar tiga | lan Dêmang Surèngpati | Tirtanata seba | lan Răngga Carangdesa | Tanpanaha munggwing ngarsi | lan Arya Tăntra | lan Radèn Mêgatsari ||
38. Pangalasan lan Ki Dêmang Jagantaka | miwah Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | jajar Răngga Pramana | lan Ngabèi Wirasakti | anèng ngayunan | para mantri ing Pathi ||
--- [88] 88 ---
39. Suranata lawan Dêmang Surantaka | Ngabèi Wirapati | Răngga Martahita | lawan Surabêrama | lan Ngabèi Jayapati | Citrawijaya | andêl-andêling Pathi ||
40. angandika sira Dipati Bragola | marang sangunging mantri | kaya pa kang warta | dene gègèr ing jaba | Kajinêman matur aris | inggih kawula | dening miyarsa warti ||
41. pan dêdamêl Mataram punika prapta | têpis wiringing Pathi | pan risak sadaya | gusti sami jinarah | ingkang băngga dèn patèni | alon ngandika | sira Dipati Pathi ||
42. sapa baya wong Mataram kang tumindak | kang dadya senapati | matur Kajinêman | inggih raka paduka | Jêng Sultan têdhak pribadi | kêrig sadaya | santana ing Matawis ||
43. tan winarna kêbate ingkang carita | prapta jabaning taji | lajêng kang gêgaman | sampun prapta ing Pajang | wong pasisir adhingini | măncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||
44. sri narendra arêrêb anèng ing Pajang | wadya kang andhingini | sami ambêbahak | wong Pathi padêdesan | kidul gunung dèn boyongi | ingkang abăngga | pan sami dèn patèni ||
45. pan wong desa prasami angungsi kitha | sami atur upêksi | matur marang lurah | ya ta kang kawarnaa | sira Adipati Pathi | lagya sineba | dening sagung pra mantri ||
46. Kandhuruan ingkang tansah anèng ngarsa | lan Arya Sawunggaling | lawan Sindurêja | tansah ana ing ngarsa | lan Rajamanggala sami | sampun [sa...]
--- [89] 89 ---
[...mpun] pêpakan | dipati kulon nangkil ||
47. Ki Tumênggung Binarong lan Mangunjaya | tansah ana ing ngarsi | dening rowangira | Ki Dêmang Tanpanaha | Ngabèi Carangdesèki | lan Arya Tăndha | lan Radèn Mêgatsari ||
48. Pangalasan lawan Dêmang Jagantaka | lawan Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | tan kari pun Prameya | lawan Răngga Surèngpati | mantri sadaya | andêl-andêling Pathi ||
49. Surantaka lawan Dêmang Sutalaya | Ngabèi Jayèngpati | Răngga Martahita | lawan Wirabramantya | lan Ki Răngga Karsapati | Astrawijaya | sami andêling jurit ||
50. kapêdhake miwah mantri Kajinêman | Kartayuda anangkil | lan Dêmang Caruban | lawan Sumacukilan | Ki Gêlap Thathit sumandhing | Dêmang Katawan | lan Răngga Orang-aring ||
51. Dêmang Cêklak lawan Dêmang Gêlapyampar | lawan pun Endragini | lan pun Cakrajagad | lawan pun Langitbêdhah | jurang ngambah sisihnèki | setan arungan | mancêngèh anèng ngarsi ||
52. Astrapati lan Dêmang Panrajanglawang | lawan Dêmang Mangkokolik |[26] lawan Rajakpanjang | lawan Jagatumbakan | lawan Setan Manganbêlis | Rujakbaluwang | kalawan Bajotali ||
53. kapêdhêke awasta Ki Luruh Patra | anglurahi prajurit | Gajah Tambakbaya | Ki Lurah Astranăngga | kang nisihi Patragati | Ki Sewandana | samya têguh ing jurit ||
--- [90] 90 ---
54. angandika aris Dipati Bragola | myang sakèh para mantri | kaya pa kang warta | dening gègèr ing jaba | Kajinêman matur aris | inggih kawula | angaturi upaksi ||
55. pan dêdamêl Matawis kang sampun prapta | têpis wiring ing Pathi | lêburan wong desa | binahak jinarahan | ingkang rosa dèn pêjahi | ingkang kacandhak | prasami dèn boyongi ||
56. alah sapa wong Mataram kang tumindak | kinarya senapati | prajurit anêmbah | raka tuwan priyăngga | ingkang tumindak mariki | sri naranata | Kajêng Sultan Matawis ||
57. prajurite gusti kinêrig sadaya | miwah mantri pasisir | pra măncanagara | sami dhatêng sadaya | suka Adipati Pathi | sukur mangkana | sun papage pribadi ||
58. lah sakèhing Santana miwah satriya | sira padha sun tari | nêdha sukanira | padha sun aja pêjah | aja na anguciwani | têkèng têmahan | kabèh padha sun kanthi ||
17. Kinanthi
1. sakathahe sanak ingsun | anjaluk sukanirèki | sakèhe para dipatya | aja na anguciwani | padha ngrêrêmna netranya | aja na ingkang anolih ||
2. Kandhuruan matur nuhun | dhuh gusti sang adipati | kamangkara lir paduka | dening akèn ngêrpkên aksi | punapa sang adipatya | botên andarbèni bêcik ||
3. nadyan kawula pukulun | milua sabaya [saba...]
--- [91] 91 ---
[...ya] pati | yèn sampeyan nêdya pêjah | kawula matia dhingin | yèn paduka nêmahana | kawula sampun mêningi ||
4. Arya Sawunggaling matur | prasami kawula gusti | sampun liya saking tuwan | anggèn kawula angabdi | lamun tuwan ngarah pêjah | kawulane sampun kari ||
5. Arya Sindurêja matur | panêdha kawula gusti | yèn sampeyan arsa yuda | kawula ngamuk kariyin | yèn benjang kawula pêjah | sêkarsa pan botên kari ||
6. lan panêdha malih ulun | sampun angawula malih | ing donya rawuh ngakherat | sampeyan dadosa gusti | sampun tanggêl jêngandika | amalaa kang anggitik ||
7. Ki Rajamanggala matur | yèn sampeyan arsa jurit | măngsa kawula mundura | angamuki wong Matawis | panêdha kawula ing prang | sampun kongsi mulih urip ||
8. Dipati Tohpati matur | wong punapa nêdya urip | yèn gusti angarah yuda | sapa kang lumayu benjing | sampun pinakanan sêga | dipun dulanga ing tai ||
9. Tumênggung Binarong matur | yèn ana kang wani mati | eman-eman kang wanudya | dèn ajak turu sarêsmi | iku pantês ingkang lanang | dipun jodhonana anjing ||
10. Sang Dipati Pathi muwus | kawula têtêdha gusti | saking sêdya pêkênira | têtêpêna ing Hyang Widi | dipati malih
--- [92] 92 ---
ngandika | dhatêng ingkang para nyai ||
11. amundhuta arak anggur | janèwêr lawan brênduwin | lawan mundhuta busana | kancana kalawan picis | baboroh[27] kalawan lênga | sarta kalawan sasumping ||
12. kang kinèn ya ta amundhut | tan asuwe nulya prapti | Dipati Pathi ngandika | dhumatêng kang para sêlir | padha sira larihana | sasumping trapna ing kuping ||
13. kang anayub sami wuru | kathah kang supe mring gusti | sawênèh ana angucap | panêdha kawula benjing | yèn sampun têka ing yuda | kawula kang ngamuk dhingin ||
14. amalêsa ing sihipun | ing gusti Dipati Pathi | wutahe gêtih kawula | lan tigase jăngga mami | sun karya pamalês benjang | ing êsihe gusti mami ||
15. satru tus kawula besuk | sampun liyan dèn ujungi | yèn dede anggèr sampeyan | tan suka kawula gusti | ingkang sawênèh angucap | panêdha kawula benjing ||
16. kawula janma ping pitu | sêdya kawula angabdi | gusti dhatêng ing paduka | tan sagêd suwita malih | yèn benjing dhatêng paprangan | kawula lêbura dhingin ||
17. sang adipati amuwus | anêdha manira sami | prasêtyanira sadaya | tanpa breda[28] lawan mami | benjing yèn tinêmpuh yuda | sun sêdya barênga mati [ma...]
--- [93] 93 ---
[...ti] ||
18. barênga lan anak ingsun | miwah ingkang para mantri | barênga lêbur sadaya | angamuka wong Matawis | nanging silih pirabara | yèn anaa kongsi urip ||
19. nanging ta pangrasanipun | ingsun mungsuh kakang aji | pira yèn mênanga |[29] pasthi ingsun anêmahi | kaya pa yèn undurana | pan wus karsaning Hyang Widi ||
20. Radyan Kadhuruan[30] matur | lawan Arya Sawunggaling | lan Tumênggung Sindurêja | ature samya anangis | dhuh gustiningsun pangeran | sampun tuwan tumut jurit ||
21. kawula gusti kang magut | ing yudane wong Matawis | yèn abdi tuwan sadaya | yèn kongsi mundur sanyari | rinampoga saking wuntat | binoyonga anak rabi ||
22. pangeran andika kondur | tulusa wibawa mukti | anyakraawati ing rat | ulun dhewe kang lampahi | angamuka wong Mataram | yèn sampun kawula mati ||
23. sakarsa tuwan kang kantun | kawula sampun udani | adipati angandika | anêdha manira ugi | saking trêsna pêkênira | tan kuwawa amalês sih ||
24. winalêsa ing Hyang Agung | kapindho nabi sinêlir | sakathahe wangsaningwang | miwah ingkang para mantri | angsala rahmating Allah | manggiha swarga kang abdi ||
--- [94] 94 ---
25. Arya Mangunjaya matur | aturipun ngasih-asih | dhuh gusti sang adipatya | yèn kênia sun aturi | sampun mêngsah raka dika | sri bupati ing Matawis ||
26. botên wontên awonipun | mring paduka langkung asih | sampun kadhaharan ujar | botên pênêd kang pinanggih | sakèh wadya pra santana | măngsa mênanga ing jurit ||
27. Dipati Pathi amuwus | wus pasthi tan kêna gingsir | sampun karsaning Hyang Suksma | alah si wong amatèni | lêng pinêjahana dhahak | dening kakangmas Matawis ||
28. Ki Mangunjaya amuwus | kumênthus têmên wong iki | adawa yèn winicara | dipati ngandika malih | dhatêng sagung pra mantrinya | manira mêdal ing benjing ||
29. sakathahing wadyaningsun | padha amêpêka baris | benjang enjang dèn tataa | ing alun-alun ing Pathi | sampun binayar busana | sakèhing para dipati ||
30. prajurit warata sampun | sinungan busana adi | rasukan lawan lanjingan | babêntinge cindhe sami | sang dipati kundur sigra | malêbêt ing dalêm puri ||
31. ingkang garwa samya mêthuk | mring kang raka sang dipati | samya angiring sadaya | wus prapta ing dalêm puri | apan wusira pinarak | sri nata dipun pêtêki ||
18. Sinom
1. kang para garwa tumingal | sang adipati atintrim | netrane beda lan saban | para garwa matur aris | kawula matur gusti [gu...]
--- [95] 95 ---
[...sti] | punapa karanipun |[31] dene datan ngandika | punapa duka ing rabi | pan kawula suka dipun pêjahana ||
2. ki dipati angandika | lah wruhanira mas yayi | pan ingsun poyan ing sira | ingsun apamit ngêmasi | marang sira mas gusti | pan ingsun arsa amêthuk | yudane kakang êmas | sri narendra ing Matawis | sakathahe garwaningsun kabèh sira ||
3. ing benjang sapungkur ingwang | dèn bisa sira mas yayi | angawula mring Mataram | dèn bisa angalap pati | lawan ingsun atitip | marang putranira jalu | langkung dening mamêlas | durung wruh rasaning mukti | ingsun tilar poma yayi dèn karêksa ||
4. lah yayi wruhaniranya | yèn ingsun amangun jurit | lan kakang mas ing Mataram | pasthi tumêka ing jangji | kang garwa samya anjrit | miyarsa wuwusing kakung | umyang sajroning pura | adhuh yèn kenginga gusti | asowana dhatêng raka jêngandika ||
5. pan sampun sampeyan băngga | dhatêng raka dika gusti | sintên malang anggitika | kang raka ngandika aris | wus pinasthi Hyang Widi | yayi ayu lêbur ingsun | dening wadya Mataram | ingsun ingkang amêkasi | awibawa anèng nagari Santênan ||
6. putranira Radèn Răngga | apan nora anggêntèni | pan uripe pirabara | kang garwa sangsaya anjrit | sêsambate mlasasih | wong dalêm sangsaya umyung | samya milu
--- [96] 96 ---
karuna | ya ta kawarnaa enjing | sang dipati tan gingsir samayanira ||
7. sira Dipati Bragola | adus kujamas abêrsih | nulya sampun agêgănda | jêbad ingkang wangi-wangi | sampun barang sumandhing | angrasuk busana sampun | nyamping sêmboja sêkar | paningsêt cawêni putih | arasukan cêmêng rinenda kancana ||
8. pamêkak cindhe pusita | akris sarungan tinulis | sêsawatan dhasar pêthak | alandheyan tunggak sêmi | dhuwunge parung sari | apan jigja tangguhipun | dhuwung rangkêp têtiga | kang satunggil tangguh Tubin | dhapuripun carita kêkêlenthangan ||
9. kang satunggil dhuwungira | Ki Kêlêng ingkang anggitik | nênggih dhapure sampona | pan sampun sami rinakit | lancingan cindhe wilis | rinenda mantêp puniku | pamêkak gagêbyukan | pan tinurut ing kakitir | warnanira rênyêp-rênyêp kadi lintang ||
10. ajamang mas kinapita | têbah jaja anting-anting | kêlatbau agêgêlang | bêbadong sampun rinakit | lancingan rangkêp kuning | asêsimping ting palancur | citrane sang dipatya | lir ringgit Karna prang tandhing | kala mêngsah Arjuna ngamuk ngalaga ||
11. prajurite wus agêlar | anganti wijiling gusti | gêgaman pan wus malatar | dinulu lir gunung sari | gêgaman warni-warni | waos binang wênèh wungu | ana kang tumpêr [tu...]
--- [97] 97 ---
[...mpêr] ringas | wênèh bung ampèl lan jinggring | kang sawênèh binange kinapurănta ||
12. warnanên sang adipatya | saksana sigra umijil | ingiring kang para garwa | kalangkung samya prihatin | sadaya tawang[32] tangis | pan sampun kinèn awangsul | kori ing paregolan | kang garwa samya anangis | kadi yayah wong trêsna dèn ungkurêna ||
19. Pangkur
1. sang dipatya nuli mêdal | saking kitha obah wadya ing Pathi | gêgaman dalêm wus mêtu | asri tangaranira | umbul-umbul paparywan wau kumêlun | kang tunggul lêlayu amyang | tinon lir prawata sari ||
2. lêlurahnya pan kapêdhak | wastanira nênggih pun Cakrapati | Cakrayuda sisihipun | kalawan Prayahita | anglurahi Saragêni têngênipun | kang kiwa Ki Prayanăngga | kalihe sami prajurit ||
3. lurah kanoman kang nama | Ănggayuda kalawan Yudakarti | Patrawisa lurah tulup | lawan pun Wisamarta | wong anyutra Onggondara lurahipun | kalawan Jayalêksana | kalihe sami winarni ||
4. wong angrangin lurahira | Jayèngsari kalawan Jayèngrêsmi | wong Magêrsari akêpung | kabèh samya prayitna | sang dipatya akèn anêmbanga sampun | ambubarêna gêgaman [gê...]
--- [98] 98 ---
[...gaman] | sadaya sami umiring ||
5. gêgaman bubar sadaya | tiningalan langkung dening pan asri | prajurit panganggènipun | kang kulambi sangkêlat | sora sari sawênèh ana baludu | rendane nurut dondoman | kang bajo sangkêlat abrit ||
6. kang bajo binapang-bapang | dhasaripun sangkêlat bang ing Acih | ana kang sangkêlat wungu | ana kulambi meja | galar konus kulenthang lan alam katun | ingkang bêkta gêgamannya | kulambi sangkêlat mayit ||
7. prasami trênggom sangkêlat | tiningalan kadya wukir kabêsmi | gêgaman bubar sadarum | sigra sang adipatya | nitih kuda layarwaring wastanipun | ulêsipun dhawuh pêthak | binusanan murub asri ||
8. ingkang kinèn têngga pura | mantri papat sami prawirèng jurit | dipati sigra lumaku | dèn iring sawadyanya | tuhu bagus samêkta busananipun | magêrsarine akapang | sadaya angati-ati ||
9. wus prapta jawining kitha | wus atata sakathahing pra mantri | akarya têtarub agung | piranti ing kasukan | ăndrawina para bupati anayub | milane para prawira | sanggube tan kêna gingsir ||
10. ênêngna ing Santênan |[33] kawarnaa Sri Bupati Matawis | siniwi wadya gung-agung | ana ing pasanggrahan | sampun katur yèn wong Pathi sampun [sampu...]
--- [99] 99 ---
[...n] mêtu | sri narendra angandika | mring sakèhe para mantri ||
11. payo atata-tataa | ingkang anèng pangawat kanan kering | Si Tumênggung Singaranu | iku anindhihana | sakathahe pan iku têngrêran ingsun | lan sakèhe pra santana | nindhihi wadya Matawis ||
12. dene ingsun anèng wuntat | ingkang kari ingsun ingkang nindhihi | sakèhe kapêdhak ingsun | lan sakèhing santana | iku aja adoh lawan jênêng ingsun | kang padha dipun prayitna | wong ing Pathi bêcik-bêcik ||
13. kalawan Si Endranata | nindhihana sakèhe wong pasisir | anèng kiwa prênahipun | sampun kang dhinawuhan | pra dipati nindhihi gêgamanipun | pan sami sawang-sinawang | wong Pathi lan wong Matawis ||
14. sakèh kang para santana | mung puniku krakêt lan sri bupati | rada lidhuk[34] prênahipun | kalingan pagêr jarak | ênêngêna sang nata datan winuwus | warnanên sira dipatya | ing Pathi amêpêk baris ||
15. pinarak anèng taratag | sakathahe para prajurit Pathi | asora dipati muwus | marang Ki Kandhuruan | ngêndi prênahe kangmas gêgamanipun | pan iku kang ingsun sêdya | waspadakêna kang pasthi ||
16. panêdhaningsun ing Allah | aja liya ana nganinging[35] mami | lamun dudu kakang prabu | pan ingsun nora suka | lamun [lamu...]
--- [100] 100 ---
[...n] mati aja liya ngarsaningsun | kakang êmas ing Mataram | arsa sun tandhing kuwanin ||
17. Sawunggaling matur nêmbah | pan kawula sampun tinon ing têlik | kang kiwa gêgaman agung | ênggène raka tuwan | mung kang têngên nindhihi gêgaman agung | têngêran gula kalapa | punika sri narapati ||
18. suka Dipati Bragola | yèn mangkono payo têngara aglis | lah payo barênga nêmpuh | aja na kang kucira | sêdyaningsun wong Pathi barênga lêbur | sigra tangara |[36] gêgaman sampun cumawis ||
19. bupatine andrawina | pan sadaya sampun dipun êndêmi | ya ta sadaya wus wuru | sanggupipun balêdag | pan ajangji sadaya barênga lêbur | sawiji tan ana giwang | wus prasêtya barêng mati ||
20. Kadhuruan[37] awotsêkar | yèn suwawi kula ngamuk kariyin | yèn kawula sampun lêbur | punika kajêng kula | Sawunggaling kêkèjèk dènnya umatur | sampeyan amongrêsmia | sun amuka wong Matawis ||
21. sang dipati angandika | sun tarima marmanira mring mami | anging ta panêdhaningsun | barênga pêjah gêsang | barêng lêbur wong Pathi aja na mundur | pan aja kongsi salaya | barênga mati lan dasih ||
22. lah uwis pan têngaraa | payo padha ngantêp prang wong Matawis | sigra atêngara umyung | bêdhilnya kadi gêrah | ingkang wadya suraknya umyung gumuruh | prajurite [prajuri...]
--- [101] 101 ---
[...te] sami pangkat | anitih kuda ngajrihi ||
23. Kandhuruan anèng ngarsa | tan atêbih lawan Ki Sawunggaling | wong Mataram yitna sampun | suraknya kadi gêrah | wadya Pathi saksana barêng anêmpuh | surak lor kidul sauran | kadi karêngèng ing langit ||
24. pangamuke wong Santênan | kang pangawat kiwa barêng dèn byuki | wong pasisir kang dèn têmpuh | têtindhihe kang kiwa | Endranata puniku aran tumênggung | Sawunggaling anarajang | ambêkta lawung ngajrihi ||
25. Sawunggaling asêsumbar | wong Mataram lah kêmbulana mami | bok sira tan ana rêbuh | iya ingsun Ki Arya | Sawunggaling ing Pathi prajurit luhung | wong Mataram kêmbulana | aja na mundur ing jurit ||
20. Durma
1. Kadhuruan mara sarwi asêsumbar | aja na ngapirani | pring sadhapur ika | êndhok sapatarangan | aja na cidra ing jangji | barênga pêjah | aywa na kang gumingsir ||
2. sarêng ngamuk prajuritnya wong Santênan | tandange gêgilani | anglir singa lodra | galak amăngsa sarpa | lir gunung rubuh kang bêdhil | suraking bala | kadi rubuh kang langit ||
3. asauran lan swaraning kalantaka | wong cilik aprang dhingin | rame ingkang yuda | surak ambal-ambalan | langit pêtêng anglimputi | ramening yuda | lir gabah dèn intêri ||
4. tutup pêtêng pating gagab kang
--- [102] 102 ---
ayuda | Tumbakganjur wus mati | mung tamèng lan pêdhang | tandange wong Santênan | lir pendah banthèng akanin | pating jalimprak | anigas angidêki ||
5. wong pasisir pan sampun bubar sadaya | datan amăngga pulih | prajurite pêjah | tatanya nora atra | sira Arya Sawunggaling | pangamukira | dahat anggêgilani ||
6. Ki Tumênggung Endranata pan uninga | lamun prajurit Pathi | angamuk manêngah | lir mong tan olih măngsa | Endranata wus anggêndring | tan olih bala | bokonge koplak-kaplik ||
7. kêbatira palayune Endranata | ki arya anututi | mring Ki Endranata | ingkang binujung kêbat | anulya malik kulambi | atilar kuda | amor lan wong pakathik ||
8. sirna larut wong pasisir sangking ngarsa | samya ngungsi ing wuri | nanging tan atêbah | sigra wadya Santênan | wus mingêr pangamuknèki | wadya Mataram | sampun angati-ati ||
9. pan anêmpuh wong Pathi mring wong Mataram | langkung ramening jurit | akèngsêr kang wadya | wong Pathi pangamukya | tan ana pangucap ajrih | ramening surak | têtêg awor lan bêdhil ||
10. kadi ombak sagara anêmpuh marang | ramene wong ajurit | akèngsêr kang wadya | dening Nayamanggala | arukêt luhuring wajik | sêndhal-sinêndhal [sêndhal-sinê...]
--- [103] 103 ---
[...ndhal] | rame kêris-kinêris ||
11. ting salêmprot sami tiba saking kuda | sampyuh sarêng ngêmasi | Ki Sura Bramantya | aprang lan Jagabaya | arame uthik-inguthik | Sura Bramantya | panumbake anitir ||
12. Ki Tumênggung Jagabaya sigra numbak | Sura Bramantya tangkis | nanging kabêrabat | kêna gulu iringnya | Sura Bramantya ngêmasi | suraking bala | kadi karêngèng langit ||
13. Jayèngrana aprang lawan Martalaya | wong sèwu angêmbuli | sami kuwatira | klangkung ramening yuda | Martalaya angawaki | Ki Jayèngrana | tumandang narik kêris ||
14. Jayèngrana prangira lan Martalaya | sami sudirèng kalih | watange ginêbang | pan nulya nyandhak tangan | prasami tarik-tinarik | pêrang-pinêrang | kiris malês angiris ||
15. Jayèngrana kiris jajanira pasah | niba anuli mati | Radèn Kadhuruan | sampun ayun-ayunan | kalawan Ki Rajaniti | sigra anumbak | asru Ki Rajaniti ||
16. wus tinangkil watange putung anjêplak | nulya tinumbak aglis | jajanira tatas | anrus marang walikat | Rajaniti angêmasi | suraking bala | lir ombaking jaladri ||
17. Mangunonêng wêruh anake palastra | kudanya dèn camêthi | adhuh putraningwang | durung ungsummu pêjah | durung wruh rasaning mukti | lah Kadhuruan | payo tandhing lan [la...]
--- [104] 104 ---
[...n] mami ||
18. pan tinumbak Kadhuruan pan kaplêsat | tiba saking turanggi | pan aburangkangan | nanging datan apasah | tinumbak tinitir-titir | Ki Kadhuruan | ngadêg sarwi nglarihi ||
19. Mangunonêng tinumbak jajanya pasah | niba anuli mati | sigra Kadhuruan | kudanya tinitihan | anulya dipun camêthi | angikal watang | sêsumbar angajrihi ||
20. ywa rêbutên iya aku Kadhuruan | kaipe mring Dipati | Bragola Santênan | lah payo kêmbulana | dadi bungahe kang ati | barênga mara | rêbutên ing ajurit ||
21. Kartajaya aprang lawan Yudabăngsa | rame ukih-ingukih | atumbak-tinumbak | Kartajaya kabranan | panumbake nitir-nitir | nulya aniba | Kartajaya ngêmasi ||
22. Ki Dipati Santênan ningali bala | mantrine akèh mati | langkung merangira | aprang marakkên bala | kudane wus dèn camêthi | wastaning kuda | aran pun layarwaring ||
23. sarêng mangkat kapêdhak lan Kajinêman | kudane samya nirik | tan ana sinêdya | dipati ing Santênan | mung kang raka sri bupati | têngrêranira | pinêlêng jroning galih ||
24. sampun parêk lan gêgaman ing Mataram | kinarubut ing bêdhil | surak lir ampuhan | bêndhe munya ngawiyat | gamêlan munya angrangin |
--- [105] 105 ---
sang adipatya | sukanira sinipi ||
25. dyan kinêtab kudane nulya angêrab | prayitna wong Matawis | Dipati Santênan | sigra anêmpuh ing prang | prajurite anadhahi | wadya Mataram | panggah datan gumingsir ||
26. liwung awor wadya Mataram kèh pêjah | dening prajurit Pathi | tandangnya lir singa | barwang tanpa lèh măngsa | wênèh kadya banthèng kanin | numbak anigas | angris saha ngakahi ||
27. ramening prang lir ombaking nêmpuh marang | dening kang bêdhil muni | gong maguru găngsa | têtêg anglir butula | myang surak gumuruh atri | sira dipatya | pan sêdya lêbu gêni ||
28. Ki Tumênggung Singaranu wus kesisan | wadyanira wus ênting | kabèh wus lumaywa | Singaranu katunjang | dipatinya angawaki | Pathi Bragola | wus ngawaki ing jurit ||
29. pan Dipati Santên pangamukira |[38] riwutan tan olèh tandhing |[39] wau sri narendra | kang tansah lês ing nala | adangu datan kapanggih | sira dipatya | dahat anginggit-inggit ||
30. wong Mataram tan măngga-măngga puliha | ya ta sri narapati | anêmbang tangara | nabuh Kiyai Bicak | tinitir-titir tan muni | sri naranata | gya kêmpuh[40] dèn sungkêmi ||
31. wus anêkung maladi Sang Madèng Suksma | anêgsa karsaning |[41] sang amurwèng tingal | datan [data...]
--- [106] 106 ---
[...n] lyan kang kacipta | lêhêng kang akarya bumi | ciptèng sang nata | wus angèsthi sawiji ||
32. sawungunya Ki Bicak sigra tinêmbang | angungkung munyèng langit | pidha[42] glap kasonga | sigra para santana | gya angingêrakên baris | pan sarêng mara | sarta Ki Bicak anjrit ||
33. Adipati Santênan ika miyarsa | yèn Ki Bicak sru muni | angingêrkên kuda | asru dènira mojar | alah payo wong ing Pathi | ika Ki Bicak | tinêmbang asru muni ||
34. wus katingal para santana Mataram | yèn sampun masang baris | Dipati Santênan | marakakên kang wadya | amung kari kang prajurit | bala Santênan | kang alit têlas mati ||
35. pra prawira ing Pathi nyamêthi kuda | wus sêdya lêbu agni | santana Mataram | sampun sami prayitna | nêdya ngawaki pribadi | sarêng tandangya | kudanya dèn camêthi ||
36. sampun nandêr para santana Mataram | wong Pathi aningali | sakèhing prawira | sarêng nyamêthi kuda | kinêtab anyandêr pati | sarêng narajang | anêmpuh wong Matawis ||
37. prajurit Pathi santana kang anama | Rahadèn Wirasakti | anyamêthi kuda | watangnya sah ingêmbat | apanggah sami prajurit | samya santana | rame ungkih-ingungkih ||
38. wong Mataram Rahadyan Wirawiguna | ingkang alawan jurit | Wirasakti numbak | mring Prawirataruna [Prawi...]
--- [107] 107 ---
[...rataruna] | panumbake pan katangkis | winalês sigra | gulu iringnya kêni ||
39. amung kulit ayam kang kabêsèr tumbak | niba pan nuli mati | ana samitranya[43] | aran Wirasaraya | dulu sumitrane mati | nyamêthi kuda | watangnya wus pinandhi ||
40. dhapuripun waos bêbiring lanangan | murub apindha gêni | sarywangling sêsumbar | payo padha prawira | aja na anguciwani | ingsun lan sira | payo padha wong bêcik ||
41. wusya pagut kang yuda sigra anumbak | Wirataruna tangkis | nanging kabêrabat | tan katangkis ing tumbak | gagêmbunge tugêl palih | Prawiratruna | angganya pan gumlinting ||
42. pangrasanya gêmbunge kadi butula | nulya sira malêsi | Ki Wirasaraya | anuli dipun tumbak | malês saking nginggil wajik | tiba kalumah | saya tinitir-titir ||
43. pan kabranan Ki Wirasraya wus pêjah | Ki Dipati Tohpati | gya arsa nulunga | sigra nyamêthi kuda | pangeran ing Mangkubumi | sampun uninga | kudane dèn camêthi ||
44. sampun têmpuh lawung pan tumbak-tinumbak | watang putung marêngi | nulya rukêt pisan | sami candhak-cinandhak | pan sami angunus kêris | atêpung asta | anyuduk gênti kêris ||
45. wus tumurun kalih saking kudanira | rame kêris-kinêris | sami
--- [108] 108 ---
têguhira | kêris datan tumama | sarêng rêmpu dhuwung kalih | gya rukêt prangnya | gantya banting-binanting ||
46. pan kalindhih pangeraning Mangkubumya | angrasa lamun kontit | pan nyandhak gantangan | Ki Tohpati anjola | anuli banjur binanting | pan tinunggangan | Tohpati asru angling ||
47. hèh carobo wong Mataram pêrangira | Pangeran Mangkubumi | aris saurira | sajang-ajanging ajang | pan iki wong rêbut pati | Ki Tohpralaya | dèn idêk dèn suduki ||
48. kinakahan Tohpati sampun apêjah | Sindurêja ajurit | pan ayun-ayunan | lan Pangran Pugêr samya | asupe ungkih-ingungkih | sami prakoswa | tan ana kang kalindhih ||
49. wong Mataram suraknya ambal-ambalan | kadi karêngèng langit | sira Sindurêja | ngantêp panumbakira | Dipati Pugêr tan gingsir | putung watangnya | sigra amarêpêki ||
50. sigra narik dhuwunge sang adipatya | anuli dèn larihi | kêna jajanira | Sindurêja aniba | datan kongsi pining kalih | angathang-athang | surake wanti-wanti ||
51. Kadhuruan marang ngarsa asêsumbar | rêbutên ing ajurit | aja na ngucira | payo padha prawira | angikal watang kumitir | singa katrajang | wong Mataram angisis ||
52. Panêmbahan Purubaya wus [wu...]
--- [109] 109 ---
[...s] uninga | wong Mataram angisis | agya lampahira | amapan Kadhuruan | panêmbahan wus apanggih | ayun-ayunan | panêmbahan sigra ngling ||
53. Kadhuruan lah uwis sira mlayua | eman bok sira mati | kuatira pira | akulita têmbaga | nadyan bêbalunga wêsi | sungsum gêgola | tan wande sira mati ||
54. Kadhuruan asra dènira angucap | baya ora na sakti | wong ing ngalam donya | amung sira Purbaya | budia ingsun kêmbari | pan durung ulap | ngong mungsuh wong Matawis ||
55. Kadhuruan sigra numbak panêmbahan | kajêngkang-jêngkang angling | setan Kadhuruan | numbak tan wruh prayoga | eman tanganira iki | Ki Kadhuruan | angling anggigit lathi ||
56. panêmbahan masêm dènnya angandika | usapana dèn lirih | iya tumbakira | mênèk kuthah ludira | eman-emane kang brangti | pasah kok tumbak | angur matia cilik ||
57. Kadhuruan sumêngit panumbakira | aputung watangnèki | angunus curiga | Kadhuruan narajang | panumbake nitir-nitir | Pangran Purbaya | panggah datan gumingsir ||
58. panêmbahan sigra anarik curiga | dhuwung aran Ki Panji | sigra Kadhuruan | sinuduk jajanira | malêsat tiba kabanting | wus kinakahan | cinublês pulung ati ||
59. Kadhuruan sampun pêjah kapisanan |
--- [110] 110 ---
sigra sang adipati | kulon anarajang | nulya sigra anumbak | kanan kering dèn kêmbuli | putung kang watang | pangeran anglarihi ||
60. ki dipati kulon pan sampun tinumbak | jajanya trus ing gigir | pan sampun palastra | surak kadi ampuhan | wong Mataram aningali | Pangran Purbaya | kinarubut ing jurit ||
61. kang lumayu pan sampun wangsul sadaya | nêdya apulih gêtih | surak lir ampuhan | kumrab sakèh gêgaman | wong Pathi tan kêna gingsir | kinêpang-kêpang | sampun akathah mati ||
62. Sawunggaling angamuk kagila-gila | liwung angobat-abit | kinarubut ing prang | dening wadya Mataram | singa kang tinêmpuh ngisis | pan kinakahan | kudane sampun mati ||
63. Sawunggaling lumayu narik curiga | dharat dènira jurit | kang pinarak bubar | Pangeran Purubaya | uninga mring Sawunggaling | nulya gya mara | manahnya rada miring ||
64. dhuwungira Kyai Panji wus liniga | awor lawan pakathik | samana Ki Arya | Sawunggaling wus pêrak | anuli dipun larihi | saking ngiringan | Sawunggalling malêsi ||
65. datan angsal Sawunggalling wus aniba | anuli dipun byuki | mring wadya Mataram | anulya tinalenan | wus binănda Sawunggaling | Rajamanggala | karsane anulungi ||
66. anarajang Rajamanggala [Rajamang...]
--- [111] 111 ---
[...gala] manêngah | pangeran wus udani | nulya pinaranan | ya ta Rajamanggala | panumbake wanti-wanti | putung kang watang | pangeran anglarihi ||
67. angênèni jaja trusing ing walikat | Rajamanggala mati | sira Adipatya | Bragola ing Santênan | ningali prajurit ênting | kalangkung merang | Dipati Kori mati ||
68. kapêdhake kalawan wong Kajinêman | sampun akathah mati | watara kang gêsang | kari wong kawan dasa | punika tan kêna têbih | wadya Mataram | singa katêmpuh ngisis ||
69. Adipati Santênan pangamukira | anglir Bimanyu jurit | ing prang Brăntayuda | rinêbat mring Kurawa | binêdhilan ngarsa wuri | ing kering kanan | mimis kadya garimis ||
70. tan tinolih dene Dipati Santênan | amung sri narapati | pinêlêng wardaya | adangu ingulatan | sigra anulya kapanggih | ênggèn sang nata | kudane dèn cumêthi ||
71. sri narendra anitih kapal bandana | pun wagugên namèki | cêmêng ulêsira | gamêlira wotsêkar | dhuh sultan paduka salin | kapal bandana | pun wagugên puniki ||
72. aturipun awanti tan piniarsa | sapisan kaping kalih | ping tiga kaping pat | kangjêng sultan ngandika | măngsa sun sêdya gumingsir | ingsun asêdya | iya barênga mati ||
--- [112] 112 ---
73. wus tinitir Ki Bicak muni angangkang | wadya kang anèng ngarsi | sami alok sira | lah payo iki prapta | kapêdhak ingkang satunggil | alah ta ingwang | mati bubukên iki ||
74. Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | waose sri bupati | Kyai Barukarna | binêkta Nayadarma | anulya sigra apamit | sri naranata | angandika ing abdi ||
75. alah iya yèn satuhu wani sira | tumbakku Barukuping | sira tamakêna | Nayadarma tur sêmbah | sigra majêng awotsari | Ki Nayadarma | sigra arêbut dhingin ||
76. Adipati Pathi wus kinalang-kalang | wus pêrak sang dipati | anulya narajang | mring kapêdhak Mataram | prasami anakêr wani | wus tinadhahan | sang dipati ing Pathi ||
77. Kinarubut kudanira sampun pêjah | malumpat sang dipati | ngamuk lan curiga | sigra Ki Nayadarma | prênahe sampun kapering | sigra tinumbak | asru sang adipati ||
78. lambungira ki dipati ingkang pasah | dhasar sayah kariyin | pan nuli aniba | dipati wus palastra | rinêbut mring wong Matawis | pan sampun kêna | angaku anatoni ||
79. sampun katur dhumatêng sri naranata | yèn dipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | jisim dhatêng ngajêngan | kapêdhak sigra wotsari | nuli lumampah | mring prênahe kang
--- [113] 113 ---
jisim ||
80. Mangunjaya uninga dipati pêjah | angrêbut tan kuwawi | anulya lumajar | mulih marang Santênan | angukub kang kari-kari | dyan kawarnaa | pan ingkang mundhut jisim ||
81. wong kapêdhak kewuhan pambêktanira | karsa pinundhi-pundhi | satruning narendra | yun sinèrèk kewala | iki santana narpati | sami kewuhan | ana wong tua siji ||
82. aris mojar puniku karêp manira | sirahipun pinandhi | sikil sinèrèda | sadaya kapêthukan | anulya dipun lampahi | sirah ingangkat | sukune dipun irit ||
83. aningali sang nata kalangkung suka | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | lah padha adêgêna | iku jisime si adhi | wus jinaganan | ngandika sri bupati ||
84. tatabana apa gêgamaning aprang | nulya dipun tatabi | pan nora gêgawa | katur mring sri narendra | angandika sri bupati | adhi Santênan | pan ora sêdya mulih ||
85. lah wiyakên lathine adhi Bragola | apa baya barêsih | sampun pinariksa | katur rêgêt kang waja | angandika sri bupati | tan kobêr ika | asusur ta si adhi ||
86. angandika sang nata mring wadyabala | sapa ingkang matèni | wadya atur sêmbah | sami arêrêmbatan | angandika sri bupati | lah Nayadarma | tarikên tumbak mami ||
87. pinariksa Ki Baru mêtu ludira | sang nata
--- [114] 114 ---
ngandika ris | lah Si Nayadarma | kang matèni Bragola | karwarnaa Sriwunggalling[44] | sampun binêkta | Endranata ningali ||
88. Endranata ngiwi-iwi asru ngucap | gene ta nora luwih | Sawunggathèl sira | mêngko uwis binănda | angamuka sun taboki | langkung bramantya | Sawunggaling sru angling ||
89. nora isin sira edan Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan awor kompra | dening ta dêlap aurip | eman sang nata | maringi tunggak sêmi ||
90. eman-eman alinggih lampit si edan | jêjêrih wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata awirang | mundur alinggih nèng wuri | sarwi angucap | ngadhêp wong kêna sarik ||
91. sampun katur Sawunggaling wus kabêsta | wus kinèn amêjahi | sampun pinêjahan | Sawunggaling karênan | kalamun awèta urip | wira nèng dunya | warnanên sri bupati ||
92. angandika sang nata mring Alap-alap | sira mentara aglis | lan si Jagabaya | lan Arya Panularan | Si Ngabèi Wirapati | lan wong Mataram | milua urun mantri ||
93. baboyonga marang nagara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang băngga | anuli patènana | yèn wus mati kang prajurit | dèn boyongana | dèn ênting aja kari ||
94. Sarupane [Sarupa...]
--- [115] 115 ---
[...ne] wong wadone ing Santênan | yèn bojoning priyayi | lah sira tandhua | aja kongsi lumampah | lan anggowoa joli |[45] bok ipe benjang | sira tunggangna joli ||
95. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus amit tur sêmbah | nulya bubar sadaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||
96. wus malêbu jroning pura tur uninga | mring garwaning dipati | yèn kang raka seda | tumpêsan ingkang bala | ya ta kang garwa samyanjrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||
97. sêsambate pan sami kawêlasarsa | umyang swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sakèhing para garwa | sêsambate mêlasasih | aniba-niba | ana gumuling siti ||
98. putranira kang aran Rahadèn Răngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang | êndi ta ramanira | sapa wlas ing sira gusti | dhuh putraningwang | kakang êmas dipati ||
99. jêngandika tilar putra maksih jabang | durung wruh ing amukti | adhuh putraningwang | pan gusti sira lola | kang putra barêbês mili | sajroning pura | gumêrah punang tangis ||
100. para garwa prasami agêgulungan | ana kang sambat mati | ana sambat bapa | wènèh sambat lakinya [laki...]
--- [116] 116 ---
[...nya] | pundi ujarira asih | dhatêng kawula | pundi tandhaning mangkin ||
101. pan kawula têka tuwan tega tilar | andika seda dhingin | dhuh kakang dipatya | kawula dika bêkta | datan sagêd ingsun kari | sang adipatya | gawanên ingsun mati ||
102. kapanggiha dika ing ngakhirat benjang | tulusa dika asih | dhumatêng kawula | ênêngêna jro pura | ingkang gumêdêr anangis | ya ta kocapa | wadyabala Matawis ||
103. sampun prapta malêbêt sajroning kitha | anèng pasar abaris | ya ta kawarnaa | wadyabala Santênan | ingkang tinanggênah wingking | kang têngga pura | sami sumêdya mati ||
104. mantri papat prasami anêdya bela | dhatêng sang adipati | pun Suraprameya | lan pun Răngga Jaladra | Surataka tiganèki | lan Pangalasan | kapat trahing prajurit ||
105. wong sakawan sampun prayitna sadaya | warnanên kang wus prapti | wadya ing Mataram | sampun ninga sadaya | pan ana kang băngga wingking | sami prayitna | ngalun-alun wus prapti ||
106. wong Santênan watara ing kathahira | wong kalih atus nênggih | sigra atêngara | Dêmang Suraprameya | sarêng mangkat kang prajurit | angamuk rampak | sadaya ambêk pati ||
107. kinarutug mimis wadya ing Santênan | nanging tan kêna gingsir | pan kathah kang pêjah | pan [pa...]
--- [117] 117 ---
[...n] dèn ilês kewala | datan wontên sêdya urip | wadya Mataram | iya tan nêdya gingsir ||
108. pangamuke wong Pathi lir singa lodra | galak tanpa lih bukti | pan kakèhan lawan | wong Pathi têlas pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | ngamuk angobat-abit ||
109. wong Mataram prasami sudiranira | pan sampun anginêbi | Ki Suraprameya | angamuk kadi yaksa | singa katêrajang ngisis | Ki Alap-alap | kudane dèn camêthi ||
110. wus anêmpuh kuda lan Suraprameya | rame ungkih-ingungkih | Ki Suraprameya | asru panumbakira | Ki Alap-alap atangkis | watangnya kontal | nulya tinumbak aglis ||
111. wus ginêbang putung watange kasingsal | Alap-alap nglarihi | jajanira pasah | ludiranya daladag | Suraprameya wus miris | angabêncana | mundur andêdagangi ||
112. Kyai Răngga Jaladra pangamukira | dahat angobat-abit | Ki Arya Panular | sigra nuli narajang | sampun têmpuh ing ajurit | tumbak-tinumbak | sami sudirèng kalih ||
113. Ki Panular anumbak Răngga Jaladra | asru dènira tangkis | nanging kabêrabat | kêna gulu iringnya | watara pasah sanyari |
--- [118] 118 ---
Răngga Jaladra | mundur amêmêcati ||
1154. Wurantaka angamuk saya manêngah | sigra Ki Wirapati | nyandhak pangawinan | mamprung nuli narajang | tumbake datan ngundhili | mudhun ing kuda | sami dharat kang jurit ||
115. Wirapati anyêndhal mring Surantaka | dhinosok pan kuwalik | Surantaka tiba | dhêdhangkak tibèng lêmah | anulya sinuduk aglis | Ki Surantaka | mundur anuli mati ||
116. Jagabaya aprang lawan Pangalasan | rame ungkih-ingungkih | tan ana kasoran | sami sudiranira | Ki Alap-alap nulungi | ngêmbat watangnya | anumbak saking kering ||
117. Pangalasan kêna pêpilinganira | munduran ora eling | anulya aniba | anèng têngahing lawang | sasèndhèn pipining kori | sampun pralaya | pan nanging maksih linggih ||
118. sira Dêmang Suraprameya matinya | kandhaga dèn liyangi | Ki Wira Jaladra | mati ngurêbi lawang | Mangunjaya aningali | prajurit têlas | lumayu mring jro puri ||
119. sampun prapta ing pura Ki Mangunjaya | gumêr swaraning tangis | sigra Mangunjaya | ngulati Radèn Răngga | saksana sira kapanggih | nulya binêkta | mêdal saking jro puri ||
120. Mangunjaya mêdal saking babutulan [ba...]
--- [119] 119 ---
[...butulan] | nêdya angungsi wukir | ing gunung Prawata | ênêngêna saksana | ucapên wadya Matawis | malêbèng pura | gumrah swaraning tangis ||
121. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | sampun dènnya nitèni | sakèh braja brana | lawan wong dalêm pisan | Alap-alap amarani | marang sang rêtna | wuwusira lir gêndhis ||
1 | golong. (kembali) |
2 | ranjapan (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | wong. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: lêmbu ingkang tinitihan. (kembali) |
5 | gunêman. (kembali) |
6 | ngundhangan. (kembali) |
7 | ngamungêna. (kembali) |
8 | parwata. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: Ki Dêmang Bêrana. (kembali) |
10 | Variasi: |
11 | awingwrin. (kembali) |
12 | kagyat. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: sinapa sêbdanya aris. (kembali) |
14 | wus. (kembali) |
15 | wotsantun. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: lah ta sira kang sun kon tut wuri. (kembali) |
17 | dandan. (kembali) |
18 | praptèng. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: Ki Ngabèi Randêl lawan Wirataka. (kembali) |
20 | Grobogan. (kembali) |
21 | lurung. (kembali) |
22 | Variasi: |
23 | dhêsthar. (kembali) |
24 | munggwing. (kembali) |
25 | munggwing. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: lan Dêmang Mangkokolik. (kembali) |
27 | baborèh. (kembali) |
28 | beda. (kembali) |
29 | Kurang dua suku kata: pirabara yèn mênanga. (kembali) |
30 | Kandhuruan (dan di tempat lain). (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: punapa karananipun. (kembali) |
32 | tawang. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: ênêngêna ing Santênan. (kembali) |
34 | lindhuk. (kembali) |
35 | ngarsaning. (kembali) |
36 | Kurang tiga suku kata: anulya sigra tangara. (kembali) |
37 | Kandhuruan (dan ditempat lain). (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata: pan Dipati Santênan pangamukira. (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
40 | têmpuh. (kembali) |
41 | Kurang satu suku kata: anêgêsa karsaning. (kembali) |
42 | pindha. (kembali) |
43 | sumitranya. (kembali) |
44 | kawarnaa Sawunggalling. (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata: lawan anggowoa joli. (kembali) |