Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29)
1. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 30–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 36–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
7. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
8. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 51–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
21. Dhandhanggula
1. sang juwita alara anangis | Alap-alap tan wani marêka | pan maksih têbih prênahe | sakèh wong dalêmipun | samya nangis pating jalêrit | ana kang niba-niba | sinjangnya kagulung | tan etang supe kagungan | wênèh nglingkab tapihya dumugi kuping | pijêr supe karuna ||
2. kang sawênèh nangis niba tangi | gudam-gudam[1] sambat rama biyang | gene sun lagi antuk sèh | tinilar marang kakung | ana ingkang nangisi nyai | cinêthot sarwi ngucap | sira durung tutug | lagya olih sih sadhela | wêkasane sira tinilar ngêmasi | dhapure acilaka ||
3. para sêlir sangêt dènnya nangis | gêgulungan ing saparanira | kagulung sumur sirahe | nuju sat sumuripun | pan kajungkêl sirah nèng siti | brahalane
--- [120] 200[2] ---
anglela | gumêbyar lir bêruk | wong Mataram kang tumingal | amancêrêng lir kucing mulat cacindhil | anuli tinulungan ||
4. wontên inya wau kang satunggil | angangên-angên sajroning nala | kaya priye wêkasane | agung sami anuhun | wong saiki kandhêga tangis | ingsun mangsi wurunga | binoyong ing besuk | ni inya aris angucap | mring Tumênggung Alap-alap ing Matawis | ni inya matur nêmbah ||
5. ki tumênggung mangke kadipundi | renandika gusti ing Santênan | lah kadipundi ing mangke | Alap-alap amuwus | alah nyai kadi punapi | ing rena jêngandika | kawula tan purun | yèn kawula masesoa | yakti ajrih kawula dhatêng sang aji | pamothah ratu êmas ||
6. nikèn inya wuwuse amanis | lah kiyai joli pêkênira | linêbokna pan dèn age | mangke kawula matur | sun ririhe sang rajaputri | manawi kenging lêjar | dening atur ingsun | sigra ni êmban lumampah | sampun prapta ngarsane sang rajaputri | rada kapara ngarsa ||
7. solahira Lap-alap kapati | nikèn inya andheprok nèng lêmah | mêlasasih ing ature | dhuh nyawa gustiningsun | lah kèndêla [kè...]
--- [121] 201 ---
[...ndêla] gusti kariyin | punapa ingkang wêkas | tansah agung wuyung | dawêg gusti linampahan | wus wiyahe wong lanang mati ngajurit | wong wadon dadi tawan ||
8. sang suputri tan kandhêg anangis | lara-lara gènira karuna | wong jro pura nangis kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggruk-sênggruk bari anangis | dhuh gustiku mas nyawa | mindêla karuhun | inggih manuta priyăngga | sampun kongsi ginêpok wadya Matawis | gusti dados punapa ||
9. nikèn inya asru jêlah-jêlih | lah mênênga wong sadalêm pura | pan aja ngrundah atine | pan gusti lagi liwung | têka padha anjurung tangis | balik padha dandana | lang-olanga sangu | lah sira măngsa wurunga | dipun bêdhol binoyong wadya Matawis | payo pan linampahan ||
10. sang juwita manahe wus gigrig | pan lagi mingsêk-mingsêk kewala | ni êmban tumulya age | pinondhong sang dyah ayu | nuli munggah dhumatêng joli | para garwa sadaya | jinoli tinandhu | wong dalêm prasami mêdal | cinawisan tandhu wus sami anitih | wênèh nunggang têtundhan ||
11. sakathahe rabining priyayi | sampun sami tinandhu sadaya | wus bubar king nagarane | sadaya
--- [122] 202 ---
nangis umyung | lare alit samya alit |[3] ana kang jaluk sêga | wênèh jaluk banyu | jaluk susu nyang dodolan | pan kathah bêboyongan saking ing Pathi | lir pendah wong angarak ||
12. tandhu joli andulur pan asri | jajarane asri tiningalan | tumbak benang nèng ngarsane | langkung pangrêsanipun | magêrsari para prajurit | kocapa sri narendra | wus bubar karuhun | apan wus praptèng Mataram | sri narendra anggêganjar sakèh mantri | miwah para santana ||
13. duk bêdhahe nagara ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pandhita | tinata ratu babade 1570 | samana sang aprabu | pan adangu[4] sang rajaputri | purwane lakinira | ing pambalikipun | katur yèn pun Endranata | kang ngadoni kang botên agawe bêcik | sang nata asru duka ||
14. duk samana sira sri bupati | sampun miyos wau siniwaka | pan kandhêg satinggil[5] bae | pinarak sitisulur | Martalulut kang dèn timbali | lan Ki Singanagara | ngandika sang prabu | Martalulut Singapraja | sundukana Si Endranata dèn mati | ana ing pagêlaran ||
15. wadya Mataram pan sami ajrih | aningali dukanira sultan | pan sami konjêm mukane [mu...]
--- [123] 203 ---
[...kane] | Endranata wus lampus | Pan binêdhèl usus dèn ambil | wus kinarya balabar | anèng pasar agung | sri narendya sampun jêngkar | anggadhaton sakèhe wadya Matawis | kang mati ginupita ||
16. wus mangkana ing alami-lami | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah santananipun | Panêmbahan Purubayèki | kang tansah munggwing ngarsa | punika tinantun | kanjêng sultan angandika | lah ta uwa Purubaya kadipundi | prakawis Surapringga ||
17. ingkang rama wartane wus lalis | ingkang kari amung anakira | Ki Mas Pêkik pêparabe | punika karsaningsun | sun boyongi marang Matawis | pan arsa uningaa | panêmbahan matur | punapa ing karsa nata | ulun inggih umiring sakarsa aji | apênêt katimbalan ||
18. tan kawarna solahirèng margi | Surabaya Pangeran Kapêdhêk |[6] anèng ing padhukuhane | Ngrêrêpèh wastanipun | Alap-alap anuli prapti | andhawuhkên timbalan | kawulang ingutus | dening raka jêngandika | ing Mataram punika karsa pinanggih | kalawan jêngandika ||
19. pan andika tinimbalan aglis | mring Mataram lawan ingkang garwa | kinèn bakta sagarwane | sawiji sampun [sampu...]
--- [124] 204 ---
[...n] kantun | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra anulya dandan | sanak putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring Tumênggung Sapanjang anuli prapti | sami kinèn adandadan |[7]|
20. angiringna mring Radèn Mas Pêkik | dèn karêksa anèng ing dêdalan | anulya adandan kabèh | sigra wus dandan sampun | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing dasa Butuh sira glis | angujung mring astana ||
21. pan asare ngastana sawêngi | Ki Mas Pêkik asare nèng dagan | têngah dalu ing wayahe | ana swara karungu | asung pêmut dhatêng Mas Pêkik | alah Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang ana narendra | putunira asêtya dadi narpati | ana ing Wanakarta ||
22. kang ingaran iya Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | kilèn ing kitha purane | kagyat sira awungu | wus raina anulya angling | mring kang tunggu ngastana | lah sira angrungu | ing swara tan katingalan | Pajang kene cinêtha ana narpati | anênggih putuningwang ||
23. ingkang aran ta Sang Ratu Kuning | kadhatone nênggih Wanakarta | Ki Kunci aris ature | Radèn Mas Pêkik matur | lah kariya kang tunggu kunci | sigra anulya bubar | tan kawarnè êdu | Ki tumênggung Alap-alap [A...]
--- [125] 205 ---
[...lap-alap] | angaturi wuninga dhatêng Matawis | matur mring sri narendra ||
24. lamun Radèn Mas Pêkik wus prapti | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala andhèr | miwah santananipun | pêpak kabèh sami tinari | sultan aris ngandika | mring kang pinisêpuh | lah ta uwa Purubaya | kadipundi ing mangke Radèn Mas Pêkik | dhumatêng ngarsaningwang ||
25. inggih sintên kang yoga ngabêkti | lamun prapta punapa manira | ngabêktia sapatute | punapa awak ingsun | ingkang patut dèn kabêktèni | pakanira[8] rasakna | ing saprayoginipun |[9] panêmbahan sigra mojar | yèn kawula inggih ta Radèn Mas Pêkik | kang pantês ngabêktia ||
26. inggih sampun kungkulan narpati | botên wontên kawula kang nistha | pang sampun kawon kawruhe | ing mangke yêktinipun | tinimbalan dhatêng ing ngarsi | tan kuwasan lênggana | milane sang prabu | pantês punika kang nêmbah | sri narendra suka angandika aris | lêrês uwa andika ||
27. angandika sang sri narapati | ta wong gandhèk sira gêpahêna | Radèn Mas Pêkik marene | wong gandhèk awotsantun | tan adangu wus dèn timbali | sigra Ki Alap-alap | lampahe lumaju | ing alun-alun wus prapta | sigra pepe anèng sakidul waringin | kurung samya agêlar ||
28. sarayatira Radèn Mas Pêkik | pan binêkta apepe sadaya |
--- [126] 206 ---
wus katur sang nata ge |[10] pan tinimbalan sampun | ya ta prapta ngarsa narpati | Pangeran Surapringga | umarêk tumungkul | dhuwung sumèlèh ing kisma | sakalangkung ajrihira ing narpati | muka konjêm pratala ||
29. dhasar sangêt ajrih Radèn Pêkik | katanggung dening sihing narendra | datan tumênga mukane | lir surya kêmbar iku | sênênira Sultan Matawis | sakèhing wong pan merang | mangrêpa tumungkul | Adipati Surapringga | sigra matur mring Jêng Sultan ing Matawis | pêjah gêsang kawula ||
30. pan sumăngga katur paduka ji | mila botên asowan jêng sultan | tan măntra wadi gatine | dadya sawab mring ulun | dening warêg boga pêngasih | mudha dimudha dama | tan măntra ing sêmu | myang paduka naradipa | pan sinêkti de siniwi wong sabumi | anyakrawati ing rat ||
31. lwir katurunan lêlatul kadri | kadhawuhan andika sang nata | animbali gêgêbale | lir malekat tumurun | mring kawula dhawah sêjati | padhange tyas kawula | midhangêt pukulun | saandika sri narendra | langkung manis kawula dahat agipih | marêk dhatêng paduka ||
32. kangjêng sultan suka ing jro galih | amiyarsa aturing dipatya | ing Surabaya sumèlèh | jêng sultan ngandika rum | mring dipati ing Surabanggi | mila ngong sira undang | pêpanggih lan ingsun | wus pinasthi ing Hyang Suksma | patêmone [patêmo...]
--- [127] 207 ---
[...ne] lir surya kalawan sasi | sêdhênge sasadhara ||
33. wus raina sang hyang surya mijil | sapandulon prake lawan căndra | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pêsthi jagad suwung | upama manira surya | Ratu Pêkik upama ta sira sasi | pêsthi timbangan ingwang ||
34. tanah Jawa iya ing Samawis | pêkênira yèn nora nanaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama sagara | pancurane ingsun | pêsthi sira nadhahana | toya agung talaga yèn tan nadhahi | yêkti puwara asat ||
35. para ingsun trêsna ingkang ati | yayi Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | dadya êmbanan suwung | mapan merang myang aningali | ucula ing ênan |[11] sirna tan kadulu | sêsotya tuwin êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | pan arsa ngêmbanana ||
36. lah Dipati Surabaya iki | sira wismaa anèng Mataram | maksiha ing kadipatèn | nagaranira iku | sun wèhakên mring sira maning | wadya ing Surabaya | ja owah ing laku | kang linggih lampit kêndhaga | apan iya maksiha linggihe lami | aywa owah kang saban ||
37. Surabaya kalawan Matawis | apan tunggal Ratu Pêkik ika | darbe nagara kêkalèh | lamine tan winuwus | adipati ing Surabanggi | pan sampun tinariman | kang rayi sang prabu | Ratu Wandhan wastanira | kang kagarwa ya marang Sang Ratu Pêkik | sampun awor asmara ||
--- [128] 208 ---
38. wus alami dènira wor rêsmi | Ratu Pêkik kalawan kang garwa | lan Ratu Wandhansarine | sultan anèng kadhatun | angandika marang ing cèthi | timbalana riningwang | Ratu Wandhansantun | matura yèn ingsun gêrah | yèn dèn wèhi nuli mentara dèn aglis | matura marang ingwang ||
39. sigra mentar punang cêthi prapti | tan asuwe ing Kasurabayan | sigra prapta ing ngarsane | Ratu Pêkik ta wau | punang cèthi pan nuli angling | kawula pan dinuta | inggih dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kangjêng sultan nênggih kinèn animbali | dhatêng rayi sampeyan ||
40. kangjêng sultan lagya gêrah nênggih | ingkang wêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbu mring kadhatun | dèn tinjoa gêrahku iki | lan lakine tan suka | aywa ta lumêbu | Adipati Surabaya | têbah jaja sumăngga ing asta kalih | tan kèri lêngganaa ||
41. sigra mangkat Ratu Wandhansari | wus lumêbu sajroning kadhatyan | sigra prapta ing ngarsane | kangjêng sultan awungu | sigra Ratu ing Wandhansari | ngabêkti mring kang raka | angusapi lêbu | Ratu Wandhan atur sêmbah | kakang aji punapa sampeyan sakit | manah kula kapita ||
42. kangjêng sultan angandika aris | ariningsun luwih saking lara | pan ana ati ênggone | sun rasa saya ngranuh | ing larane kang anèng ati | dene ana pandhita | Giri durung nungkul | durung aseba maringwang | iya iku kang dadi laraning ati | tan ana têtambanya ||
43. tanah Jawa ingsun kang rêsiki | wus arata para ratu kalah | ingsun [ing...]
--- [129] 209 ---
[...sun] pêrangi kalahe | mulane Giri iku | tan sun rusak nagarèng Giri | sun kalahakèh ing prang | durung pêsthinipun | wus pinasthi Giri ika | mring pandhita kang mêsthi jayaning jurit | ngalahakêh pandhita ||
44. sakathahe kang doh ing Jawi |[12] pasthi kalah marang lakinira | wus kasoran lêluhure | Susunan Giri dangu | pan gêguru mring sang ayogi | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | atapa kathah yuwana | tanah Jawa sadaya sami lumiring | angalahakèh ing aprang |[13]|
45. sigra mulih Ratu Wandhansari | sampun prapta anèng Surabayan | wus panggih lawan lakine | manêmbah ngaras suku | ing pratala Sang Ratu Pêkik | garjita ing jro nala | prapta garwanipun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | mênêng èsmu sasmita ||
46. tan winarna laminya ing mangkin | Ratu Wandhansari sinarenan | sampun dènnya mong karêsmèn | sasampuning pulanghyun | Ratu Wandhan angling bêbisik | karsaning kangjêng sultan | wus babar maring sun | Adipati Surabaya | sigra mojar sun sêngguh nora kayèki | kang karsa kangjêng sultan ||
47. yèn wêruha kang karsa narpati | amrih rusake Giri Pandhita | pinrih ngidhapa wujude | wus kagêm ngastaningsun | pan wus anèng sêlaning driji | Pandhita ing Aldaka | ing saèstunipun | watara măngsa kalaha | umpamane lir amithês wohing ranti | pasthi kalamun bêdhah ||
48. Ratu Pêkik asru dènira ngling | mring sang rêtna manira nênêdha | ratu
--- [130] 210 ---
mas iku jatine | lah aturêna ingsun | caosêna sowan narpati | apan ta ingsun arsa | pamit ing sang prabu | kang garwa datan lênggana | sigra mangkat wus prapta ing dalêm puri | sarimbit tinimbalan ||
49. sapraptaning kalih ngarsa aji | adipati lawan Ratu Wandhan | wus ngabêkti kêkalihe | sumungkêm anèng lêbu | dêlamakan sri narapati | sang prabu angandika | kaya pa sirèku | Pandhita ing Giripura | sayêktine sun têmpuhakên sirèki | nungkule si pandhita ||
50. Ratu Pêkik umatur wotsari | paduka nata datan lênggana | nênggih atur kawulanggèr | Surabaya Sang Prabu | andhatêngna mêngsah kang sêkti | anênggih Rajèng Cina | piranti nèng gunung | wong Surabaya tan ebah | pan suwawi kalawan paduka aji | kawula pamit yuda ||
51. wontên dene rayi paduka ji | inggih botên pan kawula bêkta | katura dhatêng sang angrèh | wontêna ing kadhatun | pan wong èstri pan angribêti | botên dados dandanan | prakawis prang pupuh | botên wande dados băndha | têmpuhing prang satêmah tan kobêr jurit | pijêr ngrawati garwa ||
52. sri narendra gumujêng saryyangling | karsaningsun yayi garwanira | para gawaa ta mangke | mapan sasêdyaningsun | rabènira sadulur mami | barênga pêjah gêsang | kalawan rabimu | wus wiyahe ing wanodya | pan kang lanang kalah ajurit ngêmasi | bojo dadya boyongan ||
53. Ratu Pêkik umatur wotsari | inggih nuwun sih paduka nata | tan lênggana ing karsane |
--- [131] 211 ---
anulya sami kondur | Ratu Pêkik lawan kang rayi | manêmbah mring suku sang | mangusapi lêbu | kangjêng sultan angandika | alah lara ta sira aja gumingsir | barênga pêjah gêsang ||
54. Adipati Surabaya aglis | sinangonan êmas myang sêlaka | arta lawan busanane | ratu mas sinung sangu | panganggone kang luwih adi | rêtna lawan kancana | artanipun agung | jêng sultan nulya andonga | salamêta yayi dènira ajurit | mênanga yudanira ||
55. atur sêmbah sira sang dipati | lan kang garwa anulya lumampah | sampun prapta ing dalême | wong Surabaya kumpul | ing wartane wus olih mulih | sigra samya adandan | sawadyane kêbut | sang dipati sampun bubar | ing Mataram kalihan lawan kang rayi | tan kawarna ing marga ||
56. sampun prapta nagaranirèki | Surabaya sigra atêngara | amêpak wadyabalane | sawadyanira rawuh | nulya marêk mring sang dipati | Ratu Pêkik ngandika | sagung mantrinipun | hèh sakèhing wadyaningwang | mulaningsun iki dikakake mulih | ingutus adon jaya ||
57. kinèn gêpuk nagara ing Giri | para mantri tur sêmbah sadaya | angaturakèn sanggupe | yèn sampeyan anggêpuk | dhatêng Giri mapan kacangking | găndra pintên ing Arga | pan karoban wuwuh | wadya Surabaya kathah | wadya Giri punika amung sakêdhik | pundi margane mênang ||
58. karêp ingsun anak mas ing Giri | nanging ingsun pan [pa...]
--- [132] 212 ---
[...n] ora sun ambah | ingsun prih idhêpe bae | nungkula krana patut | wontên mantri tuwa sawiji | pan inggih kawula mirsa |[14] wartine sang wiku | pan darbe anak-anakan | Endrasena punika digdaya sêkti | arsa magut ing aprang ||
59. panggawene sang raja ing Giri | angrujuki sang ratu ing Cina | amapaga ing karsane | wadya punggawanipun | ngandêlakèn lamun patitis | juritipun Ki Cina | bêdhil agêmipun | singa kang dèn bênêrana | pan waspada wadya Cina ambêbêdhil | Rajêng Giri pracaya ||
60. angandika sira Sang Dipati | Surabaya sokur yèn Si Cina | amapaga ing yudane | măngsa mundura ingsun | mara uwis bêndhea aglis | sigra nêmbang tangara | gêgaman wus kumpul | prajurite sami prapta | sampun pêpak nèng alun-alun abaris | ginêlar salobogan ||
22. Asmarandana
1. alèlèr-lèlèr waradin | prajurit lawan prawira | anulya kinèn abêndhe | abubarêna gêgaman | panulya[15] tiningalan | gêgaman bubar gumuruh | kadi wukir kawêlagar ||
2. sigra bubar sang dipati | sakalihan ingkang garwa | anitih joli garwane | kang raka lumakwèng wuntat | nitihi kudanira | ginarêbêg wadyanipun | prajurit lumampah ngarsa ||
3. solahe lir banthèng kanin | lir singa lodra mamăngsa | anggêgilani tandange | gêgamanira balabar | lir tasik [ta...]
--- [133] 213 ---
[...sik] tanpa wêkas | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Argapura ||
4. ênêngêna ta rumiyin | Adipati Surabaya | Rajèng Giri winiraos | wus ngaturana uninga | yèn arsa ingunggahan | mring wong Surabaya rawuh | praptane saglar sêpapan ||
5. angandika Natèng Giri | yèn mangkono wartanira | yakti saolèh-olèhe | alah payo winêtonan | prange wong Surabaya | dadia têtindhihipun | putraningsun Rajèng Cina ||
6. kawula anuwun idi | alami kularsa-arsa | damêl dalêm salamine | sampeyan dipun pracaya | dhumatêng wak kawula | pan inggih kawula purun | mungsuh ing wong Surabaya ||
7. anulya tangara aglis | pêpak ingkang wadyabala | wong Giri wus pêpak kabèh | sarta gêgamaning yuda | marbot modin sadaya | santrine wus samya kumpul | kadi kontul arêratyan ||
8. kêtib pangulu dhingini | pranan kalawan santana | Ki Cina senapatine | samya wong Cina balanya | kathahe winatara | pan ana wong kalih atus | wus manjing Islam sadaya ||
9. para santana ing Giri | sampun apêpak sadaya | pan nindhihi gêgamane | pan nulya sigra tangara | mangsah ing rananggana | sêdyane barênga ngamuk | sigra anulya umangkat ||
10. bêndhe bêdhugnya tinitir | wong Surabaya uninga |
--- [134] 214 ---
anulya nata barise | putra Cina wus amapan | sami ngagêm sanjata | kang binêdhil nora luput | wong Surabaya kèh pêjah ||
11. karsanya angidêg wani | anulya kinariyinan | wong Giri angamuk kabèh | wong Surabaya tumandang | sampun campuh ing yuda | suraknya lir gunung rubuh | santrine sami babêksan ||
12. sakathahe wadya Giri | prasami ambêk palastra | saha bala ngamuk kabèh | sinosog ing ganjur rantab | binêdhil binakolang | tan kandhêg pangamukipun | wong Surabaya kèh pêjah ||
13. wus bubrah tataning baris | wong Giri wus anèng têngah | pangamukira wus amor | barise pating sulayah | gustine tan karuan | wong Surabaya katawur | prajurite kèh palastra ||
14. wong Surabaya angisis | wong cilik kathah lumaywa | kang prajurit bubar kabèh | ulate wus pandirangan | datan măngga puliha | ya ta kasaput ing dalu | kang amburu sampun bubar ||
15. wong Giri wus samya bali | wangsul marang prênahira | wadya Surabaya kabèh | kang prajurit samya sowan | dhumatêng gustinira | sadaya sarêng umatur | ngaturakên pêjah gêsang ||
16. kawula tiwas ing kardi | wadya tuwan kathah pêjah | kang gêsang samya kaponte | kaburu kaponthal-ponthal | inggih tiyang Aldaka | sadaya pan samya têguh | sêdyane malêbu pêjah ||
17. putra Cina kang nindhihi | tuhu kalamun waspada | datan luput pambêdhile | wadya tuwan kathah pêjah |
--- [135] 215 ---
adipati miyarsa | ing ature abdinipun | ya ta angrês sang dipatya ||
18. manahe sampun amiring | angraos datan kawawa | tan anêdya pulèh gêtèh | Ratu Wandhan wus uninga | yèn kang raka kèwêdan | aris ing pamuwusipun | umatur dhatêng kang raka ||
19. yèn makatên kang ajurit | kawula anêdha lila | pêrange sun dandanane | kang raka gupuh ngandika | dhuh gustiningsun nyawa | ratune saliring santun | kayaparan karsanira ||
20. wadyanira maskuari | balane akèh kang pêjah | kang garwa aris ature | sok uga dika liloa | manawi ta kawula | sagêt mulihakên purun | kang raka asru ngandika ||
21. sakarsanira mas yayi | ingsun pan nora suwala | dhatêng andhèrèk kimawon | sigra anulya raina | Ratu Wandhan wus mêdal | pinarak nèng tarub agung | akalihan ingkang garwa ||
22. sineba dene ing mantri | Ratu Wandhan angandika | mring kang wadyabala kabèh | hèh wadyane lakiningwang | iki darbe manira | reyal namung wolung èwu | dumên lan wong pawingkingan ||
23. Pangkur
1. sakathahe wadyaningwang | pan sadaya wus linèlèr waradin | arta lan busana agung | sakèh prajuritira | kabèh sampun tampi ganjaran jêng ratu | pan dinum kadi rajapan | sadaya sampun waradin ||
2. sawiji datan kliwatan |
--- [136] 216 ---
sakathahe prajurit Surabanggi | Ratu Wandhan ngandika rum | lah kabèh wadyaningwang | ya sakèhe ganjaran ingsun puniku | lah padha sira gawea | angingoni anak rabi ||
3. ing besuk yèn mulih sira | praptèng ngomah aywa sira kuwatir | pan ingsun mulih ing besuk | iya maring Mataram | sami ngaturakên pêjah gêsangipun | yèn wus karuhan prangira | angrasa tan angundhili ||
4. sun matur ing kangjêng sultan | lamun kalah ênggènira ajurit | yèn kajodhi yêkti iku | iya ing pêrangira | pan akabèh prangira padha kaburu | pra mantri kathah kang pêjah | samawana wadya alit ||
5. sakèhing wadya prawira | apan sami tur sarwi anangis |[16] miwah pra prajurit wau | kabèh sami karuna | saha bêkti ature mring radèn ayu | dhuh gusti kamangkarannya | paduka pan darbe kardi ||
6. kawula datanpa ngrasa | yèn taksiha karya jurit puniki | kawula gusti anuhun | ing raka jêngandika | kenging botên kenginga palalu lêbur | măngsa kawula gingsira | kabèh matur kang prajurit ||
7. kawula gusti ing benjang | tandhing aprang lan putra ing Cinèki | inggih kawula dèrèng wruh | tètère pangagêngnya | wong ing Giri ing pêrange kang ginunggung | ingkang aran Endrasena | pan ingkang wasis abêdhil ||
8. datan [data...]
--- [137] 217 ---
[...n] nêdya pan gingganga | agandhènga kănca tandhing kuwanin | sawênèh ana amuwus | sikêp kawratan dona | pan gumuruh samya angajak prang pupuh | lah payo padha apêrang | mupung ingsun sugih wani ||
9. pasthi sèwu sisih ingwang | lamun nyadhang ing pêpikulan mami | sawênèh pan ana muwus | salêksa sisih ingwang | yèn wus ngangkat karanjang êmbatan ingsun | Ratu Wandhan angandika | yèn sira amangun jurit ||
10. pan ingsun karsa uninga | iya polah ingwang arêbut jodhi | kalangkung kapengin ingsun | ayun crahing ayuda | kang prajurit manêmbah sami umatur | dhuh gusti atur kawula | sampun paduka ningali ||
11. prajurit kadi gupala | tanpa ngraos yèn gusti kongsi uning | Ratu Wandhan aris muwus | hèh prajurit sadaya | wruhanira ujare lêluhur ingsun | prajurit langkung digdaya | ing Jawa tan ana tandhing ||
12. saking rama ji ing kuna | pan linêwih marmane ingsun iki | anjaluk tingkah prang pupuh | prajurite sadaya | saha bêkti ature mring gustiningsun | pan kula maksih nèng dunya | kenging tan kenginga gusti ||
13. alah iya sun tarima | muga winalêsa dening Hyang Widi | Ratu Wandhan malih muwus | mring prajurit sadaya | iya padha asingêdana puniku | manawa campuh
--- [138] 218 ---
ing yuda | dening ingsun têngarani ||
14. yèn bêdhil muni ping sapta | alah poma iya wawêkas mami | sakèhe prajurit ingsun | yèn wus kuwur ing yuda | aglis anêmpuh andon ngantêp prang pupuh | Ratu Wandhan wus lumampah | ingiring para prajurit ||
15. nèng ngiringan rada têbah | prajurite anulya dèn undhangi | Ratu Wandhan sikêpipun | sadaya sarêng prapta | nulya binusanan punang sikêp sampun | panganggo kang murub muncar | dinulu kadya prajurit ||
16. kabèh sikêp Surapringga | kulambine abra sangkêlat abrit | ana ijo kuning wungu | kang kulambi sangkêlat | kang sawênèh sora sari klabinipun[17] | sami trênggos kulukira | sarta sinondheran sami ||
17. ngajrihi yèn tiningalan | Ratu Wandhan nulya siyaga aglis | saksana umangkat sampun | wau Sang Ratu Wandhan | ingkang tansah kalawan ing kakungipun | Adipati Surabaya | lir grah swaraning wadya lit ||
18. Sang Prabu ing Giripura | apan sampun miyosi ing ajurit | bala Surabaya wau | sami apan tumingal | datan nganti tinêran têtandangipun | wong sikêp ing Surabaya | anulya pating barêkik ||
19. suraking bala lir gêrah | wong ing Surabaya malatar sami | wuninga Sang Natèng Gunung | sigra mêdali inggal |
--- [139] 219 ---
sakalihan lawan putra Cina iku | ingkang aran Endrasena | pan sampun angagêm bêdhil ||
20. saksana wong Surabaya | singa ingkang binêdhil apan kêni | nanging wong Surabayèku | datan arsa mundura | tan tinolèh kang pêjah ingidak purun | tandange wong Surabaya | datan nêdya angunduri ||
24. Durma
1. pan karasa pêparinge Ratu Wandhan | anêdya malês bêcik | pan pating gulibrah | sikêping Surabaya | kang ngamuk saya nêngahi | sikêp prakuswa | lir ombaking jaladri ||
2. sampun rukêt kang aprang tumbak-tinumbak | rame agênti kêris | apêdhang-pinêdhang | ana kêkanthèn asta | sawênèh bithi-binithi | putra ing Cina | ngamuk amobat-mobit ||
3. putra Cina pangamuke saya nêngah | kadi banthèng akanin | anglir sima măngsa | sing katarajang bubar | wong Surabaya tan pulih | bubar lumajar | wong Surabaya ngisis ||
4. Ratu Pandhan[18] ningali balane rusak | sigra nulya nudingi | marang balakuswa | kinèn mêtu sadaya | bêdhil sampun dèn sulêdi | muni ping sapta | prajurit angawaki ||
5. dipun lambung wong Giri saking ngiringan | nanging datan udani | bubar ting sulayah | pêpati ting jalêmprah | wong Giri bubrah angisis | putra ing Cina | kinêpung ing
--- [140] 220 ---
prajurit ||
6. putra Cina angamuk sabalanira | tandange gêgilani | apan katadhahan | Cina ngamuk sadaya | pan samya anêrêk sami | pating sulayah | prajurit akèh mati ||
7. gègèr samya wong Cina giris sadaya | arsa ngamuk awêdi | saksana lumajar | sami angungsi ngarga | kang kari padha akanin | pating sulayah | sadaya sami ngungsi ||
8. ana ingkang angungsi raja pandhita | sawênèh ngêrbut rabi | wênèh ngungsi jurang | lumayu mring sagara | ing Giri wus dèn ubêngi | barise kapang | ing Giri samya gusis ||
9. kawarnaa Adipati Surabaya | minggah dhatêng ing Giri | lawan ingkang garwa | prajurit anèng ngarsa | pinapag ana ing panti | dening wanodya | garwane sang ayogi ||
10. sami nangis garwane raja juwita | sadaya angabêkti | dhuh karsa punapa | anggèr nêdha kawula | ngapurane sang ayogi | lêhêng gêsanga | yèn kenging kula gusti ||
11. angandika Dipati ing Surabaya | hèh wanudya ing Giri | datan sêdya paran | yèn kêna ki pandhita | mulane sun têka ngriki | arsa panggiha | kalawan sang ayogi ||
12. sêdyaningsun ni mantu mring lakinira | nora ingsun patèni | yèn kêna elinga | nungkula mring Mataram | ngaturêna pati urip | pan ora nyana | kalamun mapag jurit ||
13. laminira yèn pikire atiningwang | têkaa ngarsa mami | aywa salah blila | lah mara timbalana | lan aja anggawa kêris | lah ta dèn inggal | têkaa ngarsa mami ||
--- [141] 221 ---
14. ingkang garwa sami nimbali sadaya | umarêk marang laki | prasami anêmbah | gusti atur kawula | andika dipun timbali | mring sang dipatya | Prabu ing Surabanggi ||
15. pan agêpah saure raja pandhita | anulya dandan aglis | tan mawi curiga | sampun prapta ing ngarsa | sang pandhita atur bêkti | mring sang dipatya | pandhita langkung ajrih ||
16. angandika Sang Prabu ing Surabaya | mring pandhita sirèki | paran karsanira | sira pan ingsun gawa | marang Surabaya mangkin | sira idhêpa | marang Sultan Matawis ||
17. Sang Pandhita ing Giri pan aturira | datang lênggana gusti | wus ing karsaning Hyang | paksa ing kina-kina | inggih bumi langit iki | singa gethanga | dados asmara ati ||
25. Asmarandana
1. angrês manahe dipati | ningali ing mantunira | pan sarwi ngandika alon | aywa maras atinira | sun gawa mring Mataram | asêba marang sang prabu | sarwi sira tinakonan ||
2. kawula dhatêng nglampahi | sang dipati angandika | mring wadyabalane kabèh | lah ta sira jaganana | wadya matur sadaya | yèn suwawi ta sang prabu | sang dipati pinêjahan ||
3. milanya têmah ajurit | abdi dalêm kathah pêjah | saking pandhita angsale | sang dipati angandika | ingsun nora winênang | amêjahi sang awiku | pan dudu bubuhan ingwang ||
4. lah ta benjing putu mami | ingkang numpês Giri ika | lah uwis dipuna age | anulya sira tandhua | pan nuli sang pandhita | binakta
--- [142] 222 ---
sarwi tinandhu | miwah sakèh para garwa ||
5. wong cilik wus dèn boyongi | sang dipati sigra bubar | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Surabaya | watara laminira | asare mung gangsal dalu | arsa seba mring Mataram ||
6. sadaya adandan sami | sang pandhita wus binakta | pawongan ginawa kabèh | miwah ingkang rajabrana | sigra anulya bubar | datan kawarna ing ênu | wus prapta nagri Mataram ||
7. asowan wau sarimbit | malêbêt sajroning pura | kang raka kandhêg ing regol | Ratu Wandhan sampun prapta | nèng ngarsane jêng sultan | saksana pan sampun tundhuk | sumungkêm nèng padanira ||
8. sri bupati ngandika ris | lah êndi lakinira |[19] kang rayi tur asêmbahe | inggih wontên paregolan | sang nata angandika | lah timbalana dèn gupuh | malêbu ing ngarsaningwang ||
9. sampun tinimbalan aglis | tan asuwe sigra prapta | sumungkêm pada sang katong | ingandikan sigra nêmbah | matur saha wotsêkar | kawula paduka utus | anggêcêk ing Giripura ||
10. raja pandhita kalindhih | punika kawula bakta | saha garwanipun kabèh | myang sarajabrananira | mangke atur kawula | katura dhatêng sang prabu | sri narendra angandika ||
11. ingsun anarima mami | saking karya pêkênira | raja pandhita ing mangko | ngong paringakên ing sira | miwah rajabrêrana | lawan saisining Gunung | sira ingkang
--- [143] 223 ---
aduwea ||
12. anuhun sang adipati | sigra sinungan barana | miwah ta rajakaputrèn | dhumatêng kang rayi ika | sang nata angandika | lah wis mulia sirèku | marang padalêmanira ||
13. kang rayi sarêng wotsari | mêdal saking jroning pura | anjujug marang dalême | sampun prapta dalêmira | miwah sakèh boyongan | lawan rajabrananipun | wus sami dinum sadaya ||
14. sakèh ingkang para mantri | ing Surabaya sadaya | wus sami dinuman kabèh | prajurit lawan satriya | lêlurah lan gêbayan | warata dhatêng pêpikul | kakucah lir guladrawa ||
26. Dhandhanggula
1. kawarnaa laminya ing mangkin | kang kocapa Sang Prabu Mataram | dawêg siniwèng wadyane | pêpak mantri tumênggung | jajarane apan arakit | tumbak lêmbing myang panah | bêdhil jajaripun | Priyantaka pan ajajar | lan wong nyutra wong nulup nèng kanan kering | pêpak anèng ing ngarsa ||
2. wong Jagabaya jajare sami | Angkragnyana sami anèng ngarsa | wong Priyantaka sambunge | wong Wisamarta iku | Kartiyasa sisihirèki | Wirabraja ajajar | lan Brajanalèku | wong kapilihan nèng ngarsa | lan Nirbaya Patrayuda jajarnèki | kalawan wong kanoman ||
3. wong agandhèk mantrianom nangkil | lawan malih wong Singanagara | wong Martalulut jajare | gabayan pêrnahipun | rada kiwa niyaga wingking | wong kidul kabèh seba | jajare wong mandhung | winastan [winasta...]
--- [144] 224 ---
[...n] wong Astranăngga | Maudara Jagasura Judhipati | Gowong lawan Margăngsa ||
4. pêpak kabèh sadaya tinangkil | para bupati miwah santana | munggwing ing ngarsa prênahe | kalawan malihipun | pinisêpuh wus samya nangkil | wong pasisir kalawan | măncanagarèku | pêpakan samya aseba | sri narendra samana ngandika aris | dhatêng Madurarêja ||
5. uwa Madurarêja ing mangkin | kita lumampaha ing ayuda | pan dadia têtindhihe | wong pasisir sadarum | pan adunên iku ing jurit | nagara ing Jakarta | uwa wartanipun | pan kancikan ing Walănda | bupatine ing mêngko uwis kalindhih | nagara ing Jakarta ||
6. kang punika rêbutên ing jurit | alah kenging marang wong Walănda | lah wadya pasisir kabèh | nuli apranga cucuh | Adipati Madura aglis | mundur saking ing ngarsa | nuhun pamit sampun | sri bupati angandika | pêkênira gawaa ing mriyêm mami | kêkalih kang prayoga ||
7. pan mêtua ing lautan benjing | anggawaa wong pasisir ika | adipati nêmbah lèngsèr | bubar ing alun-alun | sapraptaning wismanirèki | pra mantri lan santana | anom tuwa rawuh | Dipati Madura mojar | mring santananira ingkang alit-alit | lah padha pradandana ||
8. iya ingsun kinèn anindhihi | ing pêrange wong pasisir ika | kangjêng sultan parentahe | Jakarta kinèn gêpuk | anundhunga mring wong Walandi | sakèh santananingwang | miwah anak putu | sira kabèh pradandana [prada...]
--- [145] 225 ---
[...ndana] | nanging pangrasaningsun nora mulih |[20] nadyan ingong mênanga ||
9. pasthi lamun ingsun datan mulih | ya ta garwane sang adipatya | myarsa wuwuse lakine | sami anangis umung | sêsambate amêlasasih | myang anak putu samya | sadaya amuwun | kiyai kados punapa | ngandikane têka mêmarasi ati | kang raka lon ngandika ||
10. apan uwus karsaning Hyang Widhi | lah ta uwis ya padha kariya | dèn padha abêcik kabèh | sira sapungkur ingsun | măngsa sira wurunga benjing | anusula maringwang | ing pangrasaningsun | sigra Pangeran Madura | wus angrakit tata gêgaman kang baris | sampun pêpak sadaya ||
11. miwah para mantri ing pasisir | apan sampun pêpakan sadaya | sampun mrantos gêgamane | bêdhil agêng wus mêtu | sigra sampun utusan mulih | wau Ki Baurêksa | acêcawis sampun | sadandananing ayuda | Ki Dipati Mataram kabèh wus cawis | miwah Dipati Sampang ||
12. Surabaya kalawan Garêsik | ing Lamongan Lasêm Sêdayunya | Tuban Dêmak Jêparane | Juwana lawan Kudus | ing Samarang wus sami mulih | marang nagaranira | sowang-sowang sampun | mariyêm kêkalih ika | wus binakta dhatêng ing Sampang nagari | jaga mêtu nglautan ||
13. pan samana wus samya ajangji | lan ing Sampang miwah Surabaya | kang mêtu ing dharatane | Ngastina gèn tatêmu | atêmpukan sakèhing baris | Ki Madura lampahnya | tan kawarnèng ênu | wus praptèng nagri Ngastina | sakathahe samana wong ing pasisir | wus sami ingutusan ||
--- [146] 226 ---
14. ingkang kêlèn sampun sami cawis | miwah wetan kang wus sami prapta | apan sampun kumpul kabèh | sampun dangdan parau | tan antara bubar tumuli | sigra anulya mancal | babar layaripun | wus sami silêm dharatan | kang sawênèh ana angangkat kumudhi | Kaliwungu ing Kêndhal ||
15. Batang Wiradesa ing Samawis | ing Barêbês kalawan ing Têgal | Pamalang kumpulan gêdhe | tinata layar sampun | ting galêbyar dinulu asri | tan kawarna samana | Carêbon wus rawuh | anggènnya atata-tata | sigra mangkat saking Carêbon nagari | tan kawarnèng lautan ||
16. ing Jakarta apan sampun prapti | anulya nata ing barisira | Pangran Madura pondhoke | kidul wetan kuthèku | kinêpung ing pondhok pasisir | wus misuwur samana | pan arsa ginêpuk | iya marang wong Walănda | wong Jakarta obah wong Jawa wus balik | seba mring Ki Madura ||
17. apan ingkang kari mung Kumpêni | prasami ngati-ati sadaya | amunggul balowartine | amapan maryêmipun | myang gurnada lan gutuk api | Walănda pan andina | apuyêngan iku | panggêdhene wong Walănda | kang parentahèng sakathahing Kumpêni | kapitan namanira ||
18. Jakup Wispèh kapitan namèki | agêng inggil apan tur prawira | ing sabrang pilih tandhinge | apan pilih kang mungsuh | ya kapitan lamun ajurit | malih wasta Kapitan | Bèlêm wastanipun | Endrus namaning kapitan | kang satunggal Sitoye namanya
--- [147] 227 ---
nênggih | satunggil Jrodo ika ||
19. lan malihe wastaning Kumpêni | Kapitan Karèng ingkang satunggal | Kapitan Gêbyug wolune | sêkawan petoripun | pan nêmbêlas Litnan Walandi | lopèrès tan winarna | wong Walănda wau | andina-dina mêlatar | tamburipun pan tansah brang-brangan muni | wus samya nêdya pêjah ||
20. wong Walănda ingkang alit-alit | langkung sami tintrim manahira | tansah nèng jro kitha bae | tan ana wani mêtu | nêngna ing wong Walandi |[21] ucapên wong Mataram | Ki Madura wau | barise sampun tinata | pra dipati sadaya wus dèn utusi | sampun pêpak sadaya ||
21. anrangbaya kang sampun aprapti | Barêbês Têgal Roban Samêdhang | Pêmalang sarêng praptane | miwah Wiradesèku | Batang Kêndhal lan Lèpènlangi | Samarang lan Jêpara | ing Tuban Sêdayu | ing Kudus lawan Juwana | ing Garêsik Surabaya lan ing Bangil | Gêmbong Lasêm Lamongan ||
22. lan ing Sampang kinèn miyos warih | jaga mungsuh kang mêtu lautan | Ki Dipati Madurane | sigra dènira muwus | mring sakèhe para dipati | sakèhe sanak ingwang | Pasingsingan ngong tantun |[22] yèn rêmbag sanak manira | ing Jakarta dawêg ginêpuk ing mangkin | inggih wong Jawa têlas ||
23. inggih samya aseba mariki | jroning kitha mung kari Walănda | Ki Baurêksa ature | kula ngaturi rêmbug | dening wadya kang mêdal [mêda...]
--- [148] 228 ---
[...l] warih | punika dèrèng prapta | ingantos karuhun | kang dhingin wus prajangjeyan | ing ayuda sarêng lêbur tan gumingsir | gêpuk kitha Walănda ||
24. lah punika kalamun suwawi | yèn tan prapta lêhêng ingantosan | sadina kalih dinane | Ki Madura pan rêmbug | anuruti ature sami | Tumênggung Baurêksa | ing saaturipun | miwah pasisir sadaya | angrêmbagi kèndêla ing kalih wêngi | sigêgên tan winarna ||
25. kang kocapa Sang Natèng Matawis | anèng pura kalane pinarak | kalihan kang uwa bae | sri bupati ngandika rum |[23] inggih uwa Purubayèki | andika sumusula | mêyangana iku | kang jurit marang Jakarta | inggih uwa puniku dika tuwani | kang mêtu ing lautan ||
26. nanging uwa ing wawêkas mami | pan ing dika tuwani piyambak | kinarya pratăndha bae | tandhaning aprang pupuh | Panêmbahan Purbaya aglis | sigra pamitan mentar | mêdal sing kêdhatun | panêmbahan lampahira | tan ambêkta gêgaman kang mawi baris | mung kapêdhak lêlurah ||
27. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Jêpara wau panêmbahan | apan darbe palwa dhewe | wastane kang parau | Kaladuta warnanya asri | pan sampun tinitihan | babar layar sampun | prapta têngahing lautan | nêngêna panêmbahan ingkang lumaris | warnanên Ki Madura ||
28. apan sampun amiyarsa warti | penêmbahan anusul punika | Ki Madura ing jro tyase | angraos [angra...]
--- [149] 229 ---
[...os] isinipun | dening lampah dipun tumpangi | sigra sami tangara | wau Ki Tumênggung | Baurêksa wus satata | barisira kalawan baris pasisir | apan sampun kumêrab ||
29. miwah ingkang mêdal laut nênggih | wong ing Sampang wus mêdili[24] yuda | gumrê[25] sauran surake | wong Walănda wus wêruh | lamun arsa dipun inggahi | sigra nulya tangara | gumêr swarèng tambur | Kumpêni wus amalatar | mariyêming gurnada gurnat miranti | gutuk api wus mara ||
30. wus atata satabêl ngadhêpi | saradhadhune ababrêgadan | Walănda bêdhil sikêpe | ing sakumpêninipun | wong Walănda ingkang nindhihi | kopralipun têtiga | pan alpèrèsipun | satunggil sampun tinata | sabrêgada iya kapitan satunggil | litnang[26] kalih kang nata ||
31. alpèrèse sampun angidêri | kang anèng lor kulon kidul wetan | pan sampun tata barise | dene ta kathahipun | pan Kumpêni ingkang winilis | amung kawan brêgada | wau kang winuwus | kapitanipun kang nama | Jakup Wèspèh jaga ngidêri Kumpêni | pan sami prajangjeyan ||
32. kang prajangji apan barêng mati | aja ana gumingsir ing yuda | wong Walănda rêmbug kabèh | ajangji barêng lêbur | ya Kapitan Wèspèh nulya ngling | sapa sudi ing sira | yèn sira tan purun | wus ala ajêjêriha | wong Walănda wus bubuh-bubuh anjangji | sami ungkur-ungkuran ||
27. Pangkur
1. Walănda [Wa...]
--- [150] 230 ---
[...lănda] sampun atata | kidul wetan wau kang dèn kandêli[27] | warnanira kadi mêndhung | bêdhilira tinata | mariyême gurnada gurnat lan êbum | gutuk api lawan lela | kalantaka angidêri ||
2. sanapan pating galêbyar | pan tambure brang-brangan mlingi kuping | Kapitan Jak Wèspèh kidul | lawan kapitan papat | kang anama Kapitan Bèlêm Wisdrus |[28] Tubyus wastane satunggal | kalawan Kapitan Wali ||
3. Ki Mandura atêngara | wong pasisir kang kilèn mangsah jurit | sigra atangara sampun | suraknya asauran | karsanira angrangsang kutha anggêpuk | prasami ababêdhilan | sêdyane angantêp jurit ||
4. wong pasisir sami rampak | wong Kumpêni pan sampun ngati-ati | mariyêm sinulêt sampun | swarane kadi gêlap | mungsuh rowang bêdhile lir gunung rubuh | wong pasisir kathah pêjah | pan misih sudirèng jurit ||
5. nanging maksih binêdhilan | mariyême sadaya taksih muni | anggêgilani karungu | kadi prawata bêntar | mimisipun dinulu pan kadi daru | wong pasisir sami mêndhak | kang katrajang datan urip ||
6. tan măngga-măngga puliha | wong pasisir pan sampun kathah mati | ingkang mundurr nandhang tatu | gêgaman wus arusak | duk samana sampu[29] kasaput ing dalu | wong Jawa mundur sadaya | manahe kalangkung giris ||
7. enjang wau Ki Mandura | karsanira umangsa[30] jurit malih | wadya kang ana ing laut | pan sampun ingutusan |
--- [151] 231 ---
kinèn sarêng mara ing panggêpokipun | wadya pasisir sadaya | mariyême wus miranti ||
8. Walănda sampun atata | babêdhilan ingkang anèng pasisir | mariyême nèng parau | muni ngungkuli kitha | sinulêdan swarane lir gunung rubuh | kadi gêlap asauran | pêtêng dhêdhêt angliwêngi ||
9. wong Jawa akathah pêjah | pan Kumpêni kèh tatu akèh mati | saradhadhu akèh lampus | kopral lawan sareyan | wong Kumpêni samana prêrange bêlung | dening kukusing sundawa | pati-pati dèn gagabi ||
10. dadya kang mêdal lautan | pan akathah angsalipun pêpati | mariyême pan pakantuk | Kumpêni kathah pêjah | têtindhihe Kapitan Drus sampun lampus | litnang kêkalih wus pêjah | sareyan têtiga mati ||
11. nanging sampun ginêntenan | kapitane litnang wus dèn suluri | apan maksih pêrang pupuh | gumuruh babêdhilan | duk samana sampun kasaput ing dalu | prasami arêrêmbagan | Kumpêni pan sampun tintrim ||
12. ênêngêna pan samana | kawarnaa panêmbahan wus prapti | angambang ana ing laut | nitih pun Kaladuta | kapalira agêng apanjang abagus | nênggih kucaping carita | wontên palwa agêng prapti ||
13. nênggih kapaling Walănda | karsanira wau ayun miyangi | gêgaman kang ana laut | punika dados sêmang | kapalira pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | pan nuli amarêpêki ||
14. Kumpêni kang anèng palwa | sadayane pan sampun ngati-ati |
--- [152] 232 ---
mriyême sinulêt sampun | ngajênging panêmbahan | datan kandhêk palwane anandêr asru | ngadêg lir taksaka lanang | warnane anggêgilani ||
15. baita nulya angrunjang | angin sangêt swaranya kadi bêdhil | saking barat sangêt nêmpuh | palwa tarung lir gêlap | palwanira baita Walănda lêbur | kèrêm anèng ing samudra | kang kari prasamya lari ||
16. sampun misuwur kang warta | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | aprang nèng luhuring laut | palwane Lănda pêcah | apan kèrêm palwa kêkalih lumayu | Kumpêni sampun miyarsa | manahe pan sampun giris ||
17. wus kaloka mring Walănda | yèn Pangeran Purubaya sinêkti | kaloka yèn bisa mabur | iya kala samana | wong Kumpêni antintrim sadalu-dalu | ngawang-awang binêdhilan | saksana obate tipis ||
18. enjing malih kawarnaa | Panêmbahan Purbaya sampun minggir | wong pasisir sami dulu | kang ana ing lautan | sarêng mangkat sêdyanira pêrang pupuh | sampun aminggir sadaya | Kumpêni sampun arakit ||
19. rêmbagira pra kapitan | bêdhil gêdhe anèng pinggir pasisir | tinutup ing karsanipun | sampun ingarah-arah | ingkang yogya mimis bisaa malêbu | anulya bêdhili sigra | Kumpêni pangrahnya sisip ||
20. ngênèni lambe kewala | malah gêmpal lambe mriyêm Matawis | ambêdhil-binêdhil dangu | parau kathah pêcah | wadya alit akèrêm kathah kang lampus | Kumpêni pan kathah pêjah | kapitannya roro mati ||
21. Panêmbah Purubayanya [Purubaya...]
--- [153] 233 ---
[...nya] | sigra têdhak saking palwanira glis | panakawane tatêlu | punika kang binêkta | kang ambêkta lantaran lawan kakuthuk | lan kang ngampil pakinangan | Kumpêni sampun udani ||
22. nulya sigra binêdhilan | mariyême sadaya dèn sulêdi | swarane lir gunung rubuh | gurnat lawan gurnada | gutuk api swarane kadi galudhug | tambure gumêr lir bêdhah | salomprèt pating jalêrit ||
23. panêmbahan angandika | Si Walănda dening kapati-pati | ambêdhili marang ingsun | lah iya êntèkêna | tandangira Kumpêni sangsaya gugub | lir ambêdhil wêwayangan | bêdhil buntêt tanpa mimis ||
24. sawênèh bêdhile sêmpal | panêmbahan sangsaya marêpêki | Walănda sangsaya gugub | gègère apuyêngan | kang sawênèh bêdhile marêp mandhuwur | manahira butarêpan | manawa ana ing langit ||
25. panêmbahan angandika | hèh Kumpêni dening kapati-pati | apa ngandêlkên kuthamu | dumèh kandêl awiyar | apan kinèn nêmêni masthi yèn lêbur | sigra nulya tinudingan | kutha bêngkah sêdhêng jalmi ||
26. Panêmbahan Purubaya | nulya kondhur pan maksih dèn bêdhili | pan eca sês lampahipun | lir bêdhil wêwayangan | panakawan têtiga sami rahayu | pan sampun minggah mring palwa | ya ta kasaput ing wêngi ||
27. panêmbahan angandika | sakathahe wau wong ing pasisir | lah wis kariya sadarum | ingsun layar manêngah | sun jagani mungsuh kang mêtu ing laut | anulya sigra alayar | sakêdhap datan kaèksi ||
--- [154] 234 ---
28. Panêmbahan Purubaya | pan abanjur sêdya marang Matawis | ri sampun akarya tatu | akarya gara-gara | wong Kumpêni manahe sangsaya kukut | saksana mêndhung katingal | gumuruh dipun bêdhili ||
29. dandananira mèh têlas | obat mimis samana sampun tipis | warnanên kang anèng kidul | Tumênggung Baurêksa | anrangbaya padha saking bitingipun | sakathahe wong Ngastina | prasami anglanggar biting ||
30. Walănda mimise têlas | apan têlas salir prabuting jurit | mimisnya dikum ing uyuh | kinuthah lawan berak | kang sawênèh gajih cèlèng wêdhakipun | Kumpêni sampun uninga | wong Jawa angitêr biting ||
31. anulya dandan sadaya | wus malatar mriyême dèn sulêdi | gurnada gurnat myang êbum | swaranira lir gêlap | ywa wong Jawa kang katiban kabur-kabur | Ki Tumênggung Baurêksa | samana sampun akanin ||
32. katiban mimis sêsawat | pupunira tugêl manguwir-uwir | wong pasisir kathah lampus | mimis pan kadi jawah | wong Kumpêni mimise kêdhik kang kantun | watara kari sadina | datan duwe malih-malih ||
33. bitingira sampun bubar | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih akèh amora ing dalu | wau Dipati Madura | arsa ngawaki pribadi ||
34. kadang kadeyan sadaya | wus pinêpak sadaya pan tinari | pan ingsun arsa angamuk | kuthane Si Walănda | ngong unggahi pan arsa sun amuk purun | lah padha asêsucia | payo padha
--- [155] 235 ---
mati sabil ||
35. prasamya matur sandika | kang santana lawan kang bala mantri | asanggup barênga lêbur | enjange kawarnaa | Ki Mandura samana pan sampun mêtu | sigra tangara kang bala | bêndhene ngungkung tiniti ||
36. Walănda sampun mêlatar | bêdhilira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana balanira sarêng nêmpuh | Kumpêni pan kagegeran | bêdhile wus dèn sumêdi ||
37. swarane bêdhil lir gêlap | kang pratala lindhu bah gonjang-ganjing | wong Mataram akèh lampus | kang sawênèh aniba | nulya tangi kang tiba banjur lumayu | sawênèh ana kang sêmpal | baune manguwir-uwir ||
38. kang sawênèh kaprawasa | janggut sêmpal baune rontang-ranting | sawênèh pupunya putung | ingkang kêna sêsawat | kang sawênèh ana tugêl gulonipun | sirahe pan galundhungan | tan ana tawa ing mimis ||
39. sawênèh bêdhile kontal | nulya tangi umangsah ngamuk malih | Ki Mandura pêrangipun | mimis kadi parada | yèn alèrèn nulya ingusapan sampun | anulya mangsah ing rana | wus parêk kalawan biting ||
40. wong Walănda kagegeran | mimis êntèk tinja kinarya mimis | gènnya ngisèni kasusu | tan anganti wêwadhah | têpiyone kinarya cêcidhuk tablun | sawênèh sinendhok tangan | wênèh cinorok kulambi ||
41. apan sampun binêdhilan | Ki Mandura sampun cakêt lan biting | swaraning bêdhil gumrudug | tambure brang-brangan |[31] pan sênapan kadi garojogan sèwu | pêtêng kukusing sandawa | salomprèt pating jalêrit ||
--- [156] 236 ---
42. wong Mandura akèh pêjah | ingkang têguh prasamya wuru tai | sawênèh awak gêluprut | sawênèh gulagêpan | prajurite sadaya akathah wuru | wênèh mutah bêlateran | tan kobêr umangsah jurit ||
43. Pangeran Madura sayah | undurira prasami wuru tai | Ki Madura mungur-mungur | sadaya mutah-mutah | pra santana watara kari rongpuluh | wadya cilik sampun têkas | kang urip tan bisa tangi ||
44. samya banjur mring bangawan | samya adus busana dèn kumbahi | prasamya asalin sampun | mulih mring pasanggrahan | Ki Mandura balanipun kathah rêmpu | pan maksih samya sudira | pan asêdya ngrangsang malih ||
45. Walănda wus kagegeran | panggêdhene akèh kang padha mati | kapitan papat kang lampus | litnangipung sakawan | alpèrèse ingkang mati kalih puluh | Kumpênine sabrêgada | kang kari sama[32] atingtrim ||
46. dandananira wus têlas | mimis obat apan nora na kari | manahira eyang-eyung | nêdya pêjah kewala | mung taine kang kinarya mimisipun | sumêdya lêbur sadaya | nora nêdya dèn unduri ||
28. Durma
1. ênêngêna kang tugur nèng pan Jakarta | kucap Sultan Matawis | lagya siniwaka | pêpak kang wadyabala | para santana wus nangkil | Pangran Purbaya | samana lagya prapti ||
2. sampun seba dhumatêng sri naranata | anulya matur aris | kawula sang nata | andika kèn lumampah | anjangkungi ing ajurit | dhatêng Jakarta | sampun ulun lampahi ||
3. sampun karya
--- [157] 237 ---
tilar tilas gara-gara | pun Kumpêni atintrim | wadya jêngandika | wong pasisir sadaya | kathah rusak kathah mati | pun Baurêksa | wartanipun akanin ||
4. pun Madura sampun ngawaki priyăngga | tumpês balanirèki | anak putunira | sampun akathah pêjah | pun Madura ngrangsang biting | Kyai Madura | kondure dening tai ||
5. pun Walănda obat mimise wus têlas | tinja kinarya mimis | têlas kedahira | asêdya têtumpêsan | manahira sampun gigrih | yèn bantonana | baris saking Matawis ||
6. pasthi bêdhahipun nagari Jakarta | ing mangke kadospundi | ing karsa sang nata | botên si yèn awona | apênêt lan wong Walandi | sri naranata | nulya ngandika aris ||
7. inggih uwa Purubaya karsaningwang | sun kèn mundur kang jurit | lah ta wong Mataram | ing benjang wruhanira | ing sapungkur-pungkur mami | nak putuning wang | yèn lunga sing Matawis ||
8. wong Kumpêni ingkang têtulung ing benjang | hèh wong gandhèk dèn anglis | lan Singanagara | lah sira timbalana | kang anèng Jakarta jurit | Ki Baurêksa | uwisna padha mangkin ||
9. Si Madura aja mulih mring Mataram | prênahna anèng Kali- | wungu dèn gonana | uwis sira mangkata | utusan wus nêmbah pamit | nulya lumampah | tan kawarna ing margi ||
10. wus alayar sampun têka ing Jakarta | nulya sira kapanggih | lawan Ki Madura | anulya tinimbalan | kinèn mundura kang
--- [158] 238 ---
jurit | gih jêngandika | wontêna Lèpèntangi ||
11. Ki Madura garjita ing manahira | angrasa lamun sisip | sigra nulya bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala samana | wong pasisir atintrim ||
12. sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walănda aningali | langkung sukanira | sampun angrasa gêsang | wus angrasa wong Kumpêni | yèn kangjêng sultan | kang asru angalimi ||
13. pira-pira sukanira wong Walănda | wus olih rêmbug bêcik | tan anyana mênang | dandanane wus têlas | marmane sira nusuli | marang Mataram | ngaturi bulubêkti ||
14. kawarnaa Ki Madura sampun prapta | wontên ing Lèpèntangi | sanak putunira | langkung kawêlasarsa | saundurira ing jurit | saking Jakarta | samana dèn babadi ||
15. wong apêrang anatasi buta tala 1571 | iku sangkalanèki | Pangeran Madura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ing astana | nèng Kaliwungu nênggih ||
16. tan winarna duk samana laminira | sang nata ing Matawis | enjang siniwaka | pêpak kang wadyabala | mantri gung-agung sumiwi | para santana | kabèh samya anangkil ||
17. angandika sang nata ing arinira | Pangeran Adipati | Salarong namanya | lah sira amintara | anindhihana prajurit | wadya Mataram | adunên ing ajurit ||
18. ing Blambangan pan iku sira bêdhaha | lawan Pringgalayèki | paniku ngiringa | marang mring kakangira | wadyabala [wadya...]
--- [159] 239 ---
[...bala] ing Matawis | sira adua | yèn ana wong ngalangi ||
19. patènana sira gawea tongtonan | pan ingsun anggawani | jêjênênging yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||
20. iku iya ingong karya angganingwang | kalawan ya si adhi | basanana kakang | lawan Si Padurêksa | pan iku sêsulih mami | sun karya tingal | sisipe wong Matawis ||
21. apan uwis padha sira pradandana | sêsikêping ajurit | lawan wêkas ingwang | yèn mênang yudanira | Bêlambangan yèn kalindhih | lah boyongana | aja na kari siji ||
22. dina Soma adhi lah sira mangkata | kang rayi awotsari | sang nata gya jêngkar | saking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir pan para cèthi ||
23. ingkang sowan prasami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | lan kinèn saosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||
24. tan kawarna laminya têka sadaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Salarong prapta | kalihan ingkang rayi ||
25. kang awasta Adipati Pringgalaya | putranipun kêkalih | kang amilu yuda | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||
26. angandika sri narendra ing Mataram [Matara...]
--- [160] 240 ---
[...m] | bubarna kang abaris | lah ta adhi poma | sira pan dèn prayitna | kang rayi matur wotsari | anulya budhal | miwah kang para mantri ||
27. wus lumampah gêgaman agêng gumêrah | prapta jabaning taji | andhèr ambêlabar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kêdhiri | măncanagara | wau ingkang dèn anti ||
28. Jagaraga Kaduwang lawan Magêtan | Madiun sampun prapti | miwah Pranaraga | Caruban Kêrtasana | Kalangbrèt lawan ing Rati | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||
29. Garobogan Balora lawan ing Jêpang | Sêsela lagya prapti | wong pasisir kiwa | kang milu angluruga | ing Lasêm lawan ing Pathi | Sadayu Tuban | Nglamongan lan Garêsik ||
30. Surabaya kalawan ing wong Madura | sadaya samya kêrig | miwah Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun prajangji | ing Pasêdhahan | pakumpulaning baris ||
31. sampun bubar saking nagari ing Daha | datan kawarnèng margi | praptèng Pasuruan | pan sampun tata-tata | wong pasisir sampun prapti | măncanagara | sami amêpak baris ||
32. sampun bubar gêgaman prapta Lumajang | nanging maksih lumaris | wau sampun prapta | watêsing Bêlambangan | arêrêb anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong Bali ||
33. Bêlambangan andina gègèr puyêngan | wus putusan lumaris | maring Bali ika | pan sampun binantonan | wong Bali kang bêcik-bêcik [bêcik-bê...]
--- [161] 241 ---
[...cik] | kang tau tatag | angalahkên nagari ||
34. panggêdhene kêkalih winarna |[33] wastane kang sawiji | Dewajalêngkara | wastane kang satunggal | pun Dewatung wastanèki | sami prakosa | dêdêgnya agêng inggil ||
35. prajurite Panji Balèlèng wastanya | Ki Panji Macankuning | pamuknya akathah | wau datan kawarna | ing Balambangan wus prapti | atatan-tatan | sami anata baris ||
36. Ki Dipati Balambangan kawarnaa | putranipun kêkalih | wasta Ki Mas Kêmbar | kinèn atunggu pura | wus bubar saking nagari | pan sampun prapta | tapêl watês ing pinggir ||
37. sampun pêthuk sami anawang-winawang | kalawan wong Matawis | pan sami prayitna | sami nata gêgaman | prajurite amiranti | bêdhil pinasang | obat kalawan mimis ||
38. ingkang dadi gêgunungan miwah dhadha | Pangeran Adipati | Salarong punika | kang kinarya pangarsa | sêwu numbakanyar nênggih | sami prakosa | wong Bagêlèn prajurit ||
39. wong Bumija kang anèng pangawat kiwa | ing dados têtindhih |[34] Pangran Pringgalaya | miwah wadya Mataram | kang baris sampun pinalih | samya atata | miwah wadya pasisir ||
40. anèng kiwa kang têngên măncanagara | wong Bali sampun prapti | wong ing Bêlambangan | sampun ayun-ayunan | wong Mataram lan wong Bali | têngara gumrah | rame bêdhil-binêdhil ||
41. wong Mataram atarab samya amapan |
--- [162] 242 ---
angantêp jurit |[35] dangu bêbêdhilan | wong Bali kathah pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | sakathahe wong Bali ||
42. ting barêkik wong Bali sami rumakang[36] | anut kukusing bêdhil | wong ing Balambangan | tulup pangantêp upas | prasamya anakêr wani | têmpuhing yuda | lir ombak nêmpuh ardi ||
43. lindhu awor kang yuda wus salong pêjah | pangamuke wong Bali | lir banthèng kabranan | kadi sima ababal | kalangkung anginggit-inggit | wadya Mataram | prayitna anadhahi ||
44. lêmbing busur pasir tiba kadi udan | wong Mataram kèh mati | sigra anarajang | angawaki priyăngga | pangamuke wuru gêtih | para santana | sadaya aningali ||
45. Adipati Pringgalaya wus uninga | yèn kang raka ajurit | Radèn Padurêksa | anuli tinulungan | sigra mangsah tan asari | para santana | sadaya angawaki ||
46. wong Mataram tandange angamuk rampak | bêdhenira[37] tinitir | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | gumrudug swaraning bêdhil | swaraning surak | kadi rubuh kang langit ||
47. wus atêmpuh wong Balambangan kèh pêjah | wong Bali akèh mati | miwah wong Mataram | akèh kêni ing upas | pasêre kadya garimis | wadya Mataram | kèh bingung nora eling ||
48. pangamuke wong Bagêlèn kadi setan | wong Bali kadi bêlis | wong Bali kèh pêjah | kari apanjang tumbak | gêgaman ganjur pakulih | putung watangnya | pinancasakên [pinanca...]
--- [163] 243 ---
[...sakên] malih ||
49. pan wong Balambangan akèh ingkang pêjah | pêrangira kalindhih | pan sami lumajar | angungsi pamondhokan | sampun sinapih ing wêngi | wadya Mataram | kang buru samya bali ||
50. Jêng Pangeran Salorong[38] ika tumingal | balane akèh mati | kêna dening upas | nulya sira tumêdhak | kang mati dipun sipaki | waras waluya | kang kêna tumbal mimis ||
51. ênêngêna wontên ta ingkang kocapa | santana ing Matawis | anênggih kang putra | Pangeran Pringgalaya | kalangkung dados wawêri | anèng Mataram | lampahe amêmaling ||
52. wastanipun Rahadèn Wăngsakartika | pan dados maling yêkti | karyane ajinah | lan matèni têtiyang | kalangkung dadya wawêri | wadya Mataram | tan ana ingkang wani ||
53. milanipun binucal mring Pasuruan | Dyan Wăngsakartikèki | ana ing Mataram | angrêrusuhi jaman | pan sampun miyarsa warti | yèn arinira | kalih tumuta jurit ||
54. nulya mangkat anusul mring pabarisan | anjujug mring kang rayi | pinanggih rinira | Rahadèn Padurêksa | uninga nulya ngabêkti | datan anyana | kakang pinanggih ngriki ||
55. ingkang raka aris dènira ngandika | pan ingsun takon yayi | paran juritira | kang rayi aturira | kuwalahên ing ajurit | ing sanak ingwang | santana ing Matawis ||
56. angur ingsun matia anèng paprangan | sun amuke ing wêngi | yayi mungsuhira | Bali lan Balambangan | dening sira sun bubuhi | lamun raina |
--- [164] 244 ---
sira ngamuka yayi ||
57. sampun rêmbug kang rayi lawan kang raka | ingkang raka apamit | kang rayi tur sêmbah | kula botên tumuta | kang raka ngandika aris | lah yayi aja | dudu sabannya yayi ||
58. pan wus mangkat Rahadyan Wăngsakartika | sampun prapta ing biting | nulya linumpatan | wus malêbêt samana | anulya dèn amuk wani | wong Balambangan | gègèripun sawêngi ||
59. apuyêngan wong biting asalin tumbak | lawan batur pribadi | wong Bali kèh pêjah | miwah wong Balambangan | kang ngamuk datan kaèksi | bangun raina | anulya dèn unduri ||
60. nanging maksih gègère taha-tinaha | malah tumêkèng enjing | pan sampun raina | nulya nata gêgaman | akarsa apulih gêtih | liwung ing nala | bature akèh mati ||
61. sigra mangsah wong Mataram wus uninga | apan sampun miranti | nulya têmpuh ing prang | wong Bali lan wong Jawa | bêdhilira sarêng muni | lir pendah gêlap | bêdhil gêng-agêng muni ||
62. lêbu mlêtuk malêdug wanara galak | bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | angamuk mring payudan | pangamuke mobat-mabit | numbak anigas | wangke sungsun atindhih ||
63. mayit Bali lan mayit ing Balambangan | lan mayit ing Matawis | pan tumpang-tinumpang | wong aprang kathah pêjah | wong Balambangan kèh miris | tatane rusak | wus bubrah bosah-basih ||
64. Radèn Padurêksa tandange lir sima | sinosog ing wong Bali | pan nora rinasa | lir pendah panjang putra | sinosog ing roning pari | wong Balambangan | pêrange wus kalindhih ||
--- [165] 245 ---
65. lir andaka tandange Ki Padurêksa | sarira kuthah gêtih | panganggone basah | wong Bali sampun bubar | ya ta kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | sakèhing wong Matawis ||
66. wong Kabalèn Balambangan sampun susah | manahira atintrim | prang raina kalah | kathah longe kang pêjah | yèn wêngi dipun amuki | akathah pêjah | gègèr sawêngi-wêngi ||
67. kang anama Rahadyan Wăngsakartika | pangamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atintrim | wong Balambangan | pan sami alolosi ||
68. prajurite samana akathah pêjah | gagêdhene wus mati | iya kalih pisan | wong Bali sampun têlas | kang urip pan samya mulih | wong Balambangan | bubarira ing wêngi ||
69. wus raina wong Mataram pan tumingal | yèn wus bubar kang baris | nulya atangara | angajak ngrangsang kitha | karsane ambêboyongi | sampun lumampah | wong cilik jêjarahi ||
70. Ki Mas Kêmbar samana sampun kapêcak | anulya dèn cêkêli | pan sampun binasta | wong cilik binêdholan | wong dalêm wus dèn boyongi | yèn ana băngga | wasisan dèn patèni ||
71. Balambangan sadaya angursi[39] arga | ajar kang dipun ungsi | wastane kang ajar | Ajar Salokantara | wong Mataram kang nututi | akathah pêjah | dèn amuk tan apulih ||
72. pan wus katur mring Pangeran Salarongan | sigra kinèn ngunggahi | kang para prawira | anulya ingunggahan | samya marambat manginggil | wong Balambangan | pan sampun dèn tumbaki ||
--- [166] 246 ---
73. Kyai Ajar Salokatara[40] kapêdhak | nulya cinêkêl wani | pan sampun binêkta | marang ing pasanggrahan | ingaturakên ing gusti | Ajar Saloka | jêjêr tan arsa linggih ||
74. Adipati Pringgalaya panasbaran | ki ajar dèn parani | jinêglong angrêmpah | ajar sampun asila | Ki Pringgalaya linarik[41] | yèn angucapa | wong iki liwat luwih ||
75. Jêng Pangeran Salarong asru ngandika | lah sira ki wêwasi | dahwèn lakunira | angukuhi ing mêngsah | mêngko sira sun patèni | ajar angucap | pan nora sun gingsiri ||
76. taha ingsun atapa salah wêweka | apan ingsun dèn ungsi | amapag ing pêrang | pan karsane priyăngga | dening sun tumêkèng pati | măngsa bakala | wus karsa Hyang Pramêsthi ||
77. mapan ingsun benjang amalês ing sira | yèn ana ratu lêwih | gèthèk baun kiwa | iku sira antia | adipati asru angling | kacarewetan | anulya dèn patèni ||
78. kae Ajar Salokantara wus pêjah | binuncang ingkang jisim | sami kagawokan | sakèhe wong Mataram | Dipati Salarong angling | akèn tangara | bubarêna kang baris ||
79. Balambangan lanang wadon binoyongan | siji tan ana kari | miwah Ki Mas Kêmbar | binakta mring Mataram | saksana bubar kang baris | wong bêboyongan | linampahakên dhingin ||
80. tan cinutur[42] lêlampahaning carita | sampun praptèng Matawis | prasami aseba | dhatêng ing pagêlaran | sri bupati sampun mijil | prapta sadaya | kang raya[43] awotsari [a...]
--- [167] 247 ---
[...wotsari] ||
81. ulihêna mring nagara Balambangan | ngayumana kang kari | nandhanga upata | yèn balila maringwang | apan anêmua bêcik | wus ingupatan | ingatêrakên mulih ||
82. sigra bubar sri narendra siniwaka | kandhêg ing srimanganti | gandhèk saradula | tinimbalan wus prapta | anulya dipun takèni | solahing yuda | sadaya dipun titi ||
83. saradula umatur sarwi anêmbah | kawula nuwun gusti | pan rayi paduka | tangkêpipun awignya | sarêng rusaking ajurit | Ki Padurêksa | angawaki pribadi ||
84. pangamuke anglir mong tan antuk măngsa | braja tan anêdhasi | wong Bali kapêdhak | wontên sadulurira | kang mangsah ngamuk ing wêngi | Wăngsakartika | wastanipun anênggih ||
85. pan karuhun putranipun Pringgalaya | ingkang dados wawêri | gih paduka bucal | dhatêng ing Pasêdhahan | punika ingkang ajurit | wong Balambangan | kawonipun ing wêngi ||
86. saradula têlas ature sadaya | jêngkar sri narapati | kundur angadhatyan | tan winarna samana | sampuning alami-lami | ing dina Soma | sang nata sigra mijil ||
29. Mijil
1. wus angrasuk kaprabon narpati | abusana kaot | wus apaès lir hyang-hyang baguse | singa mulat padha lênglêng brangti | duk miyos tinangkil | upacara mêthuk ||
2. wus lumampah ngarsaning narpati | caratan paidon | prangmêdani panjrah pawohane | wohing jênggi wuri sawunggaling | banyakdhalang kari | kandhaga sumusul ||
3. orêg kabèh sagung ingkang nangkil | sadaya samyanon [sa...]
--- [168] 248 ---
[...myanon] | sri narendra adi busanane | angluwihi sagung ingkang nangkil | sakèhing pra mantri | jrih mulat tumungkul ||
4. lyan anaa wadyanya nyamèni | busananing katong | gya kinèn ngudurakên[44] kancane | sarywa ngliningan tan crah prayogi | undurna aririh | prasami lumayu ||
5. wusnya salin nulya wangsul nangkil | warnanên sang katong | wus pinarêk ing singasanane | asung cipta mring sakèhing mantri | sakèh wadya ajrih | lungguhe tumungkul ||
6. datan ana swaraning kumrisik | miwah kang kêkayon | datan ana obah sakathahe | saking paksi tan ana kumlisik | kêmasan lan gêndhing | myang kang manuk êngkuk ||
7. amung punika kapirsa muni | pinirsa dening wong | langkung rêsming kapirsa swarane | wus adangu sira sri bupati | dènira tinangkil | ngandika sang prabu ||
8. amariksa kathahe prajurit | Bêlambangan kang wong | sapa ingkang amojok jurite | sami matur sakathahe mantri | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||
9. anandhahi pangamuking Bali | jajênêng sang katong | Padurêksa punika wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||
10. pun Wăngsakartika wastanèki | ngandika sang katong | iku sapa mangkono arane | dening ingsun durung wruh ing nguni | sigra awotsari | kang dinangu matur ||
11. nênggih nakipun paman sang aji | Pringgalaya kang wong | ingkang dumadya wawêri rajèng | nênggih ngriki ingkang anglampahi | malingi [maling...]
--- [169] 249 ---
[...i] sang aji | karuhun tinundhung ||
12. angandika wau sri bupati | sakèhing sanak ngong | lamun nora ana pakewuhe | nglakonana lara lawan pati | yèn ana kang jurit | iku kang angamuk ||
13. mara timbalana dipun aglis | sêbaa maring ngong | lawan sira Padurêksa mangke | ingsun junjung kaki adipati | Têpasana adi | iku lungguhipun ||
14. ajajara lan santana mami | sèwu kang lêlunggoh | pra santana angèstrèni kabèh | sigra jêngkar sang nata tinangkil | malêbêt jro puri | pra garwa amêthuk ||
15. tan kawarna laminya ing mangkin | midhangêt sang katong | ing Sumêndhang Ngukur pambalike | langkung duka wau sri bupati | wus mijil tinangkil | wau gung supênuh ||
16. para mantri wus angudanèni | yèn duka sang katong | mukanira konjêm siti kabèh | langkung ajrih mulat ing narpati | tan ana kumlisik | prasami tumungkul ||
17. èsmu duka sang nata dèrèng ngling | dhumatêng punang wong | ing Sumêndhang Angukur wartine | kang katur mring sun mêngko ambalik | gêcêkên tumuli | lan nagara Ngukur ||
18. Si Tumênggung Singaranu aglis | lan sabalanya wong | lurugana ing Ngukur dèn age | lan tumpêsên sakathahing jalmi | sok lananga ugi | aywana kang kantun ||
19. wong bumija iridên dèn aglis | numbakanyar kang wong | lan wong sèwu iku sakancane | iya adunên kabèh ajurit | lawan wong pasisir | milua anglurug ||
--- [170] 250 ---
20. para mantri kang kinon wotsari | ngandika sang katong | lamun kalah wong Ngukur jurite | lah tumpêsên kabèh ywa na kari | kang kinèn tur pamit | lèngsèr nêmbah mundur ||
21. wus lumampah sakathahing mantri | wong Bagêlèn kulon | wong Bumija mijil gêgamane | wong pasisir sampun dèn utusi | prasami ajangji | Banyumas akumpul ||
22. tan kawarna pan sampun apanggih | gêgaman agolong | ing Banyumas gone kumpul kabèh | wus arêmbag bubar para mantri | tan kawarnèng margi | wus prapta ing Ngukur ||
23. wong pasisir êlor dèn barisi | wong Banyumas kulon | wong Bagêlèn kidul ing barise | wong Bumija wetan dènnya baris | wus amêtu jurit | kuthane kinêpung ||
24. wong desane sami dèn boyongi | kang lanang punang wong | pinatenan kabèh lan bocahe | arsa angamuk datan kuwawi | wong jro kitha tintrim | pan sami akuru ||
25. wus agilig sagung wong Matawis | ngrangsang kutha kang wong | miwah para bupatine kabèh | sigra kinèn têngaraning jurit | gêgaman wus mijil | sarêng angkatipun ||
26. wong jro pura kabèh sami nangis | gègèr jaga awor | bupatine wus cilik atine | prajurite tan kênèng tinari | uwus ngrasa mati | budine anglunthung ||
27. wong Mataram samya anglêbêti | wong jro kutha riyon |
--- [171] 251 ---
ingkang wani arêmpêg ature | sigra mangsah anêmpuh ing jurit | nulya anglêbêti | wong kutha tinêmpuh ||
28. Adipati Sumêndhang wus kêni | binêsta binoyong | wong wadone wus tinawan kabèh | gêdhe cilik datan ana kari | wus binêkta mijil | tangisira umyung ||
29. wong ing Ngungkur ingkang dèn gendholi | cacah sèwu ingkang wong |[45] sampun bubar kabèh ing barise | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng Matawis | katur ing sang prabu ||
30. yèn ing Ngukur sampun kawon jurit | wongipun kaboyong | sampun tapis kabèh wong lanange | langkung suka wau sri bupati | tan winarnèng kawi | anênggih winuwus ||
31. kala kangjêng sultan acangkrami | midêr-midêr kêbon | saampilan tlêmpak landheyane | kajêng wrêgu kampil ing wadyèstri | nèng kêbon pan asri | buron wana agung ||
32. sapraptane kakêbonan asri | jêng sultan amanggoh | kidang jalêr kalangkung galake | iku kalangênaning narpati | kidang umulat ing | sultan gya tinêmpuh ||
33. kangjêng sultan wus prayitnèng wèsthi | ampilan kang waos | wus ingagêm talêmpak ngastane | kidang nandêr sultan anadhahi | andhêman ngênèni | raina sumêmbur ||
34. nanging kidang asru pambantêring | anêmpuh sang katong | tlêmpak wrêgu sangêt mantêlunge | krana kidang prapta nèng ing ngarsi | malah sultan kongsi | kagêyor kang pupu ||
35. nanging datan karaos kang wêntis | panggayoring buron | saking jêng sultan dahat têguhe |
--- [172] 252 ---
dadya tan pasah wêntis kang busik | wusing kidang mati | sultan ngandika rum ||
36. iya sakèhe nak putu mami | ing sawuriningong | aywa ana nganggo landheyane | wrêgu apan iku nêniwasi | sigêgên sang aji | dyan malih winuwus ||
37. kangjêng sultan jênêngira aji | kadhatone roro | ing Sagara Kidul satunggile | Nyai Kidul kagarwa narpati | mila sri bupati | kalih puranipun ||
38. Nyai Kidul mapan iku pêri | parayangan katong | nora suka pan dudu jatine | mapan mijil saking manungsèki | putraning narpati | ingkang asêsunu ||
39. duk kapanggih putra ingkang brangti | sarêng mulat kang wong | sarêng korud putra lan putrine | saking karsaning Hyang Kang Linuwih | rasanya anunggil | dadya Nyai Kidul ||
40. kangjêng sultan arsa acangkrami | bubaring kadhaton | Pamancingan samana jujuge | sampun prapta têpining jaladri | sakathahe pêri | prasami amêthuk ||
41. Nyai Rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pèri padha ngiring kabèh | anampani caraka narpati | sang nata kinanthi | dening Nyai Kidul ||
1 | gundam-gundam. (kembali) |
2 | Seharusnya halaman 120 dan seterusnya. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: lare alit pan samya alit. (kembali) |
4 | andangu. (kembali) |
5 | sitinggil (dan ditempat lain). (kembali) |
6 | Biasanya guru lagu a: Kapêdhak. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: sami kinèn adandan. (kembali) |
8 | pakênira. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: saprayoginipun. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: wus katur sang nata age. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: ucula ing êmbanan. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: sakathahe kang adoh ing Jawi. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: angalahakèh ing prang. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: inggih kawula mirsa. (kembali) |
15 | anulya. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: apan sami matur sarwi anangis. (kembali) |
17 | klambinipun. (kembali) |
18 | Wandhan. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: lah ta êndi lakinira. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: nanging pangrasaningsun nora amulih. (kembali) |
21 | Kurang dua suku kata: ênêngêna ing wong Walandi. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: Singsingan ngong tantun. (kembali) |
23 | Lebi satu suku kata: bupati ngandika rum. (kembali) |
24 | mêdali. (kembali) |
25 | gumêr. (kembali) |
26 | litnan (dang ditempat lain). (kembali) |
27 | kèndêli. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: ingkang anama kapitan Bèlêm Wisdrus. (kembali) |
29 | sampun. (kembali) |
30 | umangsah. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: tambure brang-êbrangan. (kembali) |
32 | sami. (kembali) |
33 | Kurang dua suku kata: panggêdhene pan kêkalih kang winarna. (kembali) |
34 | Kurang satu suku kata: ingkang dados têtindhih. (kembali) |
35 | Kurag dua suku kata: samya angantêp jurit. (kembali) |
36 | rumangkang. (kembali) |
37 | bêndhenira. (kembali) |
38 | Salarong. (kembali) |
39 | angungsi. (kembali) |
40 | Salokantara. (kembali) |
41 | tinarik. (kembali) |
42 | cinatur. (kembali) |
43 | raka. (kembali) |
44 | ngundurakên. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: cacah sèwu kang wong. (kembali) |