Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 30–35)
1. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 30–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 36–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
7. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
8. | Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 51–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
30. Kinanthi
1. upacara sang aprabu | tinampanan dening pêri | sawarnane upacara | pêri ingkang anampani | manungswa datan uninga | gêgawane dèn gêntèni ||
2. sadaya sami gagêtun | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | sampun angambah jaladri | kadi ngambah ing dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||
3. dening wadyabala agung | atembak anèng pasisir | pan pasisir [pasi...]
--- [173] 253 ---
[...sir] Pamancingan | prasamya angati-ati | kawarnaa sri narendra | wus ana madyaning jladri ||
4. prapta ing kadhaton sampun | alun-alune arêsmi | pacak sujine têmbaga | galedheganipun wêsi | botrawi angapit lawang | binatur sela candhani ||
5. papêthetan pinggiripun | sêkare asri angrawit | sêkare awarna-warna | pala gumantung andadi | samya ngêmohi sadaya | sawênèh kêmbang apêntil ||
6. sri narendra nulya laju | kandhêg ing witana asri | siniwi ing parayangan | bangsal pangrawitnya adi | sakanya sami tambaga | sirape salaka putih ||
7. binaturira pêrunggu | ing luhur salaka putih | witananya palênggahan | sami kancana kinardi | pinantèk ing nawa rêtna | palisire sutra putih ||
8. cêplonya[1] kancana wungu | pinantèk ing rêtna adi | kadi thathit aliwêran | dinulu lir lintang ngalih | palataran sinêbaran | sasotya kang alit-alit ||
9. nyai rara aris matur | dhumatêng raka narpati | sultan paduka katuran | pinarak sajroning puri | sri narendra sigra bubar | sampun munggwing ing satinggil ||
10. sri narendra sigra laju | wus rawuh mring dalêm puri | sampun prapta ing kadhatyan | pinarak nèng kanthil rukmi | nyai rara tan atêbah | alênggahira sumandhing ||
11. pan asri kumêndhung-kêndhung | palisirira cawêni | cinêplok ing nawa rêtna | pinggir kinarya kakitir | rênyêp-rênyêp kadi lintang | pinalisiran cawêni ||
12. rinarêngga abra murub | isèn-isèn dalêm puri | sêsotya [sê...]
--- [174] 254 ---
[...sotya] di abra muncar | pinatik nila widuri | ting cêlèrèt kadya kilat | anglir kaswargan angalih ||
13. sultan minggah jinêm arum | ni rara tansah kinanthi | sampun prapta pasareyan | saksana samya aguling | tutug dènnya sacumbana | wus bêdhah kutha ing Mêsir ||
14. Nyai Kidul nulya matur | dhatêng kang raka narpati | kawula atur uninga | ing mangke paduka gusti | mèh puput inggih paduka | inggih karsane Hyang Widhi ||
15. amung kantun kalih taun | jêngandika yèn marêngi | ngaliha saking Mataram | atilara bala mantri | putra kalawan santana | inggih wau sri bupati ||
16. pasthi inggih ta pukulun | botên mawi mati-mati | tumêkaa ngakir jaman | gumujêng sri narapati | ywa mangkono sira mirah | dening sira sih ing mami ||
17. kaya ngapa mirah ingsun | yèn kalakona angalih | dening saking marmanira | alah iya ingsun yayi | kayangapa yèn ngaliha | saking nagara Matawis ||
18. sakèhe lêluhur ingsun | pinêtak anèng Matawis | wong Jawa yutan awêndran | sêbute duk maksih urip | ingsun sajatining janma | pasthine kalamun mati ||
19. sakathahe ingkang tuwuh | iku mijil saking jalmi | êjim pêri parayangan | miwah setan lawan eblis | tan padha lawan manungsa | sakathahe kang kumêlip ||
20. amiyarsa Nyai Kidul | ing pangandika narpati | akèh karasa ing nala | sumungkêm sarwi anangis | angrasa yèn kaluputan | datan bisa anauri ||
--- [175] 255 ---
21. sang dyah nangis pakonipun | sêsambate ngasih-asih | matur dhumatêng kang raka | dhuh kangmas Prabu Matawis | kawula gusti nanêdha | dadosêna jalma malih ||
22. jêngandika ratu agung | trus ing tingal tur asêkti | kasusra ing tanah Jawa | yèn andika ratu adil | angruwat sang lir tumitah | tan ana angkêr asingit ||
23. panjênêngan sang aprabu | apan sampun dèn lilani | saking nagara ing Mêkah | ing Jawa tan ana tandhing | jumênêng Sultan Mataram | para ratu sami ngabdi ||
24. dika ruwat awak ingsun | pan kula asale jalmi | sri narendra angandika | dhuh yayi pan ora kêni | wus pasthi karsaning Suksma | datan kêna owah gingsir ||
25. dene sira lamun tuhu | asaling sujalma dhingin | ing benjang ari kiyamat | sira anunggala jalmi | sang dyah anangis kewala | sêsambate amlasasih ||
26. sang dyah asru tangisipun | sumungkêm pangkon narpati | sarwi anyêkêli asta | dhuh kakang sultan dèn aglis | ruwatên badan kawula | kapengin dadia jalmi ||
27. sang nata sigra anulung | anyêndhal cindhe sumampir | sang dyah pan sampun ingêmban | rinungrum ingarih-arih | binêkta marang paprêman | ngidêrakên sarwa sari ||
28. pratamanan sri anglangut | bêbatur salaka putih | binacingah ing kancana | jêmbangan gêdhah ngidêri | binatur salaka mulya | gêdhah biru gêdhah putih ||
29. lir kaswargan yèn dinulu | warnane kang tamansari |
--- [176] 256 ---
warnanên sri naranata | kang tansah angasih-asih | dhatêng sang dyah ayu rara | kang tansah dèn pituturi ||
30. sang dyah ayu sampun lipur | anulya kondur sang aji | pinarak bale kancana | tinatrapan ing rêtna di | tinarètès nawa rêtna | pinggire rinaja wêrdi ||
31. warnanya pating pêlancur | sampun pinarak sarimbit | sang rêtna pan liniyangan | mring raka Sultan Matawis | sang rara ayu amucang | kang raka angaras pipi ||
32. ingaras-aras lumintu | sang dyah ayu kongah-kangih | mèsêm sarwi angandika | mring raka Sultan Matawis | kawula matur sang nata | angaturi pamrayogi ||
33. inggih dhuwung sang aprabu | wasiyat inggih kêkalih | punika atur kawula | kabucala salah siji | kawula kang rumêksaa | sampun angèwêd-èwêdi ||
34. yèn paduka sampun ayun | pasthi punika winaris | têmah dadi rêrêbatan | wontên narendra kêkalih | dadya èwêd wong Mataram | wêkasan atêmah jurit ||
35. angandika sang aulun | sira bênêr iku yayi | pemutira marang ingwang | besuk pun buwang satunggil | yayi mas kang nampanana | Si Sangkêlat kêris mami ||
36. lah kariya jiwaningsun | manira akarsa mulih | pan inganti wadyaningwang | ana pinggiring pasisir | Sang Dyah Rara awotsêkar | kawula turut sang aji ||
37. yèn paduka sampun rawuh | ing kadhatonya Matawis | kawula inggih mantuka |
--- [177] 257 ---
ing samadyaning jaladri | sang nata ngaras kang garwa | lah ta payo nimas yayi ||
38. sang dyah kêkanthenan sampun | asta kalawan kang rayi | jim pêri lan parayangan | sadaya samya angering | sarwi ambêkta ampilan | yèn tinon kalangkung asri ||
39. sang nata nulya lumaju | angambah sirèng jaladri | anglir ngambah ing dharatan | obah agêng anèng ngarsi | lesus agung păncawara | samya lumampah ing ngarsi ||
40. wong Mataram sampun wêruh | lan wontên ingkang kariyin | barat agêng păncawara | pasthi rawuh sri bupati | pan sampun saosao sadaya |[2] miwah wadya kang angampil ||
41. sang nata sampun kadulu | miwah upacara adi | kang bêkta datan katingal | pan sampun prapta ing pinggir | sampun sami tinampanan | kadya lumampah pribadi ||
42. anulya sira sang prabu | garbonge kang dèn titihi | kalihan nyaine rara | nanging tan ana udani | lampahira rêreyongan | dinulu langkung arêsmi ||
43. datan kawarna ing ênu | sampun rawuh sri bupati | Sang Dyah Rara pêpamitan | kakang kawula yun mulih | sang nata angaras siswa | ingsun tilarana yayi ||
44. gantènira nimas ingsun | sun karya panamur wingit | sang dyah jiwit sarywa ngucap | dhuh lamis têmên wong iki | sasampunira amucang | gantèn katur saking nglathi ||
45. tinampan waja sang prabu | ingaras awanti-wanti | sang ayu nulya lumampah | mèsêm sarwi nolih-nolih | sang nata anut ing tingal | wus luwês dènnya lumaris ||
46. sigra ngadhaton sang prabu [pra...]
--- [178] 258 ---
[...bu] | pinêthuk ing para rabi | sampun praptèng dalêm pura | wong ing jro samya angampil | sang nata sampun pinarak | dening sakèh para rabi ||
47. tan kawarna lamènipun | mangkana sri narapati | apan sampun apêputra | pan inggih jalu kêkalih | ingkang sêpuh rajaputra | pan sampun amawi krami ||
48. Surabaya putrinipun | kang anama Ratu Pêkik | ingkang anom rajaputra | anama Radyan Mas Alit | datan kawarna laminya | mangkana sri narapati ||
49. wus tutug samayanipun | sampun jangkêp kalih warsi | anulya gêrah sang nata | ingadhêp ing para rabi | sang nata aris ngandika | akèn nimbali ing mantri ||
50. Tumênggung Wiragunèku | tinimbalan praptèng ngarsi | sang nata aris ngandika | lah ta kêris ingsun iki | buwangên marang sagara | aja angêwuh-ewuhi ||
51. lamun ingsun têkèng surud | aja na ratu kêkalih | yèn maksih roro masiyat | pasthi iku dipun waris | dhuwung ingsun Si Sangkêlat | labuhên anèng jaladri ||
52. Wiraguna tampi dhuwung | anulya sira lumaris | datan kawarna ing marga | prapta têpining jaladri | wontên alun agêng prapta | punika kang anampani ||
53. dhuwung pan sampun linabuh | Ki Wiraguna wus mulih | sampun prapta ing kadhatyan | wus katur dhatêng sang aji | sang nata aris ngandika | lah undangên putra mami ||
54. lawan sanak-sanak ingsun | kang kinon nêmbah lumaris | ingkang putra tinimbalan | Pangeran Purubayèki | wus prapta ngarsa sang nata | dèn awe dening sang aji ||
55. angandika sang aulun | lah kakang manira iki | prapta ing dina wêkasan | sihing Hyang marang sun iki | lah kakang wêkas manira | dèn apênêt-pênêt [apênêt-pênê...]
--- [179] 259 ---
[...t] kari ||
56. Pangran Purubaya matur | sintên kang yogya gumanti | kangjêng sultan aris mojar | kakang karsaningsun mangkin | putraningsun kae Arya | Mataram ingkang gêntèni ||
57. dening putraningsun sêpuh | layak jumênêng narpati | dening arine ki jaka | puniku milua mukti | sang nata sampun mamêkas | gurnita swara nauri ||
58. gunung Marapi gumludhug | miwah swaraning jaladri | sarta barat lan ampuhan | saha udan riwis-riwis | sang nata sampun sinundhang | sigra mapad sri bupati ||
59. kang tangis umyung gumuruh | garwa lawan para sêlir | wong dalêm sami karuna | sêsambate amlasasih | kang putra kalih karuna | asarwi samya nungkêmi ||
60. jro pura swaranya umung | gègèr wadya ing Matawis | wong cilik samya puyêngan | kawarnaa sri bupati | kang layon wus siniraman | anulya dipun ulêsi ||
61. nulya sinalatkên sampun | layon wus munggwinging kanthil | asampun nulya binêkta | pinikul ing para mudin | kang garwa samya karuna | miwah ingkang para sêlir ||
62. sampun miyos ing kadhatun | binakta dhatêng Magiri | pan sampun prapta ing arga | layone sultan wus manjing | mring kaluwat lêlandhakan | apan sampun dèn urugi ||
63. kaum maca donga sampun | anulya prasami mulih | garwa kalawan santana | miwah ingkang para mantri | prasami kawêlasarsa | sinambêran dhandhang muni ||
31. Dhandhanggula
1. kala samana dèn sangkalani | bujăngga manggih wisiking nata | poma èngêtêna kabèh |
--- [180] 260 ---
wadya pan sampun rawuh | ing pasowan atata linggih | pêpak wadya ing Mataram |[3] anèng alun-alun | pan samya arêrêmbagan | kang jumênêng narendra anèng Matawis | mantri pêpak sadaya ||
2. kawarnaa wau sri bupati | Purubaya wus anèng paseban | alinggih nèng paglarane | pangandikanya asru | wong Mataram wruhanirèki | nagara ing Mataram | ingsun kang jêjuluk | ora nanane sang nata | iya ingsun kang parentah ing Matawis | sapa ingkang malanga ||
3. têkakêna ing karosannèki | sakathahe santana Mataram | ingsun mungsuhira mangke | pra santana tumungkul | pra dipati prasamya ajrih | mantri wêdi sadaya | tan ana kang purun | mring Pangeran Purubaya | sami anut tan ana suwalèng budi | datan lêngganèng karsa ||
4. Adipati Purubaya angling | ingkang putra anulya ingangkat | Pangran Arya Matarame | linênggahakên sampun | ing dhêdhampar gadhing rinukmi | kasur babut sinulam | linênggahan sampun | Jêng Pangeran Purubaya | sigra lèngsèr pinarak lan pra dipati | kagyat para santana ||
5. sakathahe mantri ing Matawis | nora nyana yèn Pangran Purbaya | mêngko karsane samene | dadya sangsaya takut | sakathahe mantri Matawis | sami ngangkat sadaya | tan ana kang nyandhung | para santana sadaya | tuwa anom sadaya sami ngèstrèni | dhatêng sri naranata ||
6. Dhatuk Sarip miwah para alim | myang pandhita ngèstrèni sadaya | pangulu lawan kêtibe | donganipun jumurung [jumu...]
--- [181] 261 ---
[...rung] | yèn Pangeran Arya Matawis | jumênêng ing Mataram | amêngku kadhatun | jumênêng Kanjêng Susunan | Amangkurat Senapati Tanah Jawi | jêjuluk Ngabdhurrahman ||
7. Sayidina Nata ing Agami | wong Mataram pan otêr sadaya | miwah pra dipati kabèh | măncanagara takut | wong pasisir prasamya ajrih | tan winarna laminya | dènnya madêg ratu | ing Mataram bangun karta | wus kasusra ing tanah sabrang narpati | ratu tanpa sisihan ||
8. tan winarna laminya ing mangkin | sri narendra arsa siniwaka | ing dina Soma mangsane | upacara wus mêtu | sri bupati anulya mijil | ginarbêg ing badhaya | kèhnya pitung puluh | sami lumampah nèng ngarsa | sami ngampil upacaranira asri | banyak mas lan menthok mas ||
9. kêkacu mas lawan sawunggaling | kang capuri gandhèk anèng ngarsa | ardawalika jajare | waos ampilanipun | samya ngapit ing kanan kering | pêdhang lawan sarampang | parêk lan sang prabu | magêrsarine akapang | tawok tulup panah pêdhang tamèng tamsir | amyang kang tumbak sulam ||
10. priyantaka munggwing ngarsa têbih | saragêni ajajar ratarap[4] | kêkadha ngapit margane | sang prabu wus tumurun | ing satinggil lampahnya aris | dhatêng bangsal witana | pagêlaranipun | wus pinarak nèng dhêdhampar | sri narendra citranya tuhu apêkik | watêk prabu taruna ||
11. cahyanira sang nata nêlahi | warnanira lir pendah sasăngka | mêntas kagrahan atrange | riyêm-riyêm masêmu | cahya wêning lir mas sinangling | lir Hyanghyang Kamajaya | sêdhênge tumurun | saking swargan marang
--- [182] 262 ---
dunya | wong Mataram sadaya awêdi asih | mring Prabu Amangkurat ||
12. kang aseba ngapit kanan kering | wong kapêdhak ing wuri sang nata | gêdhong lan pamajêgane | lirna kapêdhak agung | Jagabaya ing kanan kering | sisih wong Angkraknyana | pinilih sumambur | Kartiyasa Wisamarta | lan wong magang Yudamanggala anangkil | katanggung jajarira ||
13. Wirabraja aseba asisih | Brajanala lawan Patrayuda | kanoman ika jajare | gandhèk seba ing ngayun | mantri anom rada kapering | lan Wăngsanagara |[5] sisih Martalulut | Margăngsa gowong ajajar | Suranata kapering rada kawuri | niyaga wingking wetan ||
14. myang wong gamêl ing ngarsa kapering | pan punika anikil[6] sadaya | pra bupati ngarsa kabèh | santana sêpuh-sêpuh | Jêng Pangeran Purubayèki | Pangran Silarong ika | jajare alungguh | lan Pangeran Pringgalaya | Têpèngsara Prawiratruna anangkil | Pangeran Martapura ||
15. Adipati Pugêr pan anangkil | jajarira Pangeran Balitar | Dipati Mangkubumine | lan Wiramanggalèku | Têpasana Sebajayèki | lawan Kusumayuda | Dêmang Malangipun | lan Radyan Wiranagara | Wirasari kalawan Wiramaantri | Radyan Wiradipura ||
16. pan punika santana narpati | pan akathah ingkang kalangkungan | saking cupête budine | Tumênggung Singaranu | kang sumambung santana aji | sadaya pan jajarnya | pêpakan supênuh | numbakanyar sinambungan | wong pasisir sadaya samya anangkil | miwah măncanagara ||
--- [183] 263 ---
17. ingkang sadhèrèk sri narapati | Jêng Pangeran Arywa wastanira | Danupaya pamomonge | ajajuluk tumênggung | Jêng Pangeran Ariya nênggih | dawêg kumala-kala | ika wayahipun | nanging dèrèng mawi krama | pan wus nangkil munggwing ngarsane narpati | jajar lawan santana ||
18. angandika sang sri narapati | hèh sakèhe wong ingsun Mataram | padha anyandhaka kabèh | ing mangke karsanisun[7] | kitha arta ingsun alihi | akarya kitha bata | palèrèt ta ingsun | satilase kangjêng rama | datan purun ingsun arsa sun ingsêri | karya yasa priyăngga ||
19. lan maninge ingsun mirsa warti | Balambangan ing mêngko rinêmbat | marang wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | wus angidhêt[8] marang wong Bali | lah uwa Purubaya | dika kula tantun | kadipundi solah dika | botên sagêt yèn lampahana tumuli | uwa dika pikira ||
20. Jêng Pangeran Purubaya angling | yèn suwawi dawêg linampahan | kinawonakên jurite | lamun kawon kinilun | binoyongan aja na kari | măngsa wande punika | anggèr dados mungsuh | sri narendra angandika | sapa sintên uwa yogyane tinuding | anglurug Balambangan ||
21. Adipati Purubaya angling | botên kenging yèn kula matura | langkung karsa nah ing anggèr | angandika sang prabu | lah ta Wiraguna sirèki | sira pan adandana | sira sun kon nglurug | Si Tumênggung Danupaya | rowangira angirida wong Matawis | lan wong măncanagara ||
22. lah Tumênggung Mataram [Matara...]
--- [184] [264] ---
[...m] sirèki | angirida pasisir sadaya | mêtua laut jurite | nanging ta putraningsun | Ki Dipati Sampang sirèki | aja milu ayuda | iku karsaningsun | anging ta sira tuduha | para mantri sapa ta ingkang prayogi | matur Dipati Sampang ||
23. sampun jêngkar sang nata tinangkil | wus malêbêt anèng dhatulaya | warnanên para mantrine | Tumênggung Singaranu | angundhangi mring wong Matawis | padha sira nyithaka | palèrèt gènipun | pan sampun nyithak sadaya | kawarnaa Tumênggung Wiragunèki | sampun sami adandan ||
24. miwah pasisir măncanagari | ingutusan kinèn asaosa | wus ajangji patêmone | Ki Wiraguna sampun | sakancane anuwun pamit | nanging tan winiyosan | dening sang aprabu | akinèn bubar kewala | sigra bubar Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Danupaya ||
25. sakancane pan sampun lumaris | Ki Tumênggung wau Wiraguna | Ki Danupaya rewange | dening kyai tumênggung | ing Mataram marang pasisir | kinèn anjênêngana | kang ajaga laut | wadya pasisir sadaya | nanging Adipati Sampang tan umiring | maksih anèng Mataram ||
26. tan winarna laminya ing mangkin | ingkang nglurug datan cinarita | akarya pan sampun akèh | kinarya bata sampun | wong Mataram anambut kardi | ênêngêna samana | agantya winuwus | Pangeran Arywa winênang | duk pinarêk ing dalêmira siniwi | Tumênggung Pasisingan ||
27. marêk dhatêng Pangeran Arywa di | anakira aran Agrayuda | amung punika rewange | Kya Pasingsingan matur |
--- [185] [265] ---
kadipundi paduka gusti | dening kèndêl kiwala | kawula nênuhun | ing mange punapa karsa | raka dika sampun jumênêng narpati | sampeyan têka eca ||
28. Jêng Pangeran Arywa ngandika ris | apan ingsun tan sêdya mangkana | mring kakang êmas jênênge | pan sanak ingsun sêpuh | kang prayoga jumênêng aji | gêntèni kanjêng rama | wong Mataram rêmbug | gènnya gêntèni jêng rama | nèng Mataram pan yogya sun abêktèni | ingsun ngaub ing kakang ||
29. Ki Tumênggung Sisingan yya angling | adhuh gusti anggèr tan mangkana | jêngandika pangandêle | nanging pangaos ulun | datan eca tuwan lampahi | dening tingal kawula | paduka pukulun | sami-sami lan kawula | dede pantês sadhèrèke sri bupati | taksih nglampahi papa ||
30. pan kawula amiyarsa warti | sawêlinge rama jêngandika | ing Mataram sapungkure | kinèn sami apatut | gih paduka kinèn amukti | sosoraning narendra | ing mangke pukulun | jêngandika maksih nistha | taksih sami kalawan mantri Matawis | punika tur kawula ||
31. raka dalêm yèn sumêdya bêcik | yèn paduka sinung kawibawan | linuhurakên lênggahe | inggih pangraos ulun | dipun raos ngèwêd-èwêdi | mila atur kawula | gusti mangke mupung | wong Mataram kathah kesah | ingkang kantun pan sami anambut kardi | kathah wong angrêsula ||
32. lan malihe kawula akait | lawan mantri Mataram sasigar | inggih kang sami kajênge | samangsane pukulun | jêng pangeran nindaki jurit | pasthi tumut sadaya | rencang sami rêmbug [rêmbu...]
--- [186] [266] ---
[...g] | kamanisên Pangran Arywa | Pasisingan pan aja tari mring mami | ingsun darma punapa ||
33. anaria mring lêlurah mami | pan jalukên lilahe sadaya | wong akèh apa karêpe | Pasisingan amuwus | mring lêlurah kang agêng alit | [...] | [...] | inggih lêrês jêngandika | sampun tita pangarêp-arêp kang asih | Susunan ing Mataram ||[9]
34. jêng pangeran angandika aris | yèn mangkono iku karsaningwang | nanging ta padha dèn rèrèh | sun raose rumuhun | pan maninge ana ngong anti | si bapa Danupaya | kang lunga anglurug | umatur Ki Pasisingan | kadar pintên angantosi wong satunggil | ing mangke kalamangsa ||
35. pan kawula inggih sapuniki | apan sampun dipun kira-kira | dening wong Mataram kabèh | winastanan anjunjung | mring paduka madêg narpati | yèn botên têmuntêna | pan kawula lampus | susunan sampun miyarsa | pan uninga yèn kawula salah ati | angangkat mring paduka ||
36. inggih kajêng kawula ta gusti | yèn alawan mila karsa tuwan | kawula prih silib bae | samăngsa-măngsanipun | katungkula wadya Matawis | kula amuk kewala | saking seban kidul | nanging gusti jêngandika | lamun wontên gègèr kabèh wong Matawis | tuwan sampun sulaya ||
37. jêng pangeran angandika aris | Pasisingan apa karêpira | ingsun têka dhèwèk bae | Pasisingan umatur | adhuh gusti sampun kuwatir | inggih dipun pracaya | kawula anuhun | ayun mantuk rêrêmbagan | Pasisingan anêmbah gya mundur aglis | mantuk mring wismanira ||
--- [187] [267] ---
38. tan kucapa Singsingan ta iki | kawarnaa Pangeran Purbaya | lumêbêt kadhaton age | seba marang sang prabu | sampun prapta sajroning puri | angaturi uninga | ingandikan laju | sapraptanira ngajêngan | wus alênggah ing ngarsanira narpati | sang prabu angandika ||
39. inggih uwa punapa ta kardi | kadingarèn malêbêt ing pura | pangeran alon ature | kawula angsung wêruh | rayi tuwan Radèn Mas Alit | samangke ingadonan | kalih pun Tumênggung | Pasisingan ingkang ala | rayi dika pinrih purun ing narpati | angêrbat palênggahan ||
40. yèn tan nuntên pinapas tumuli | rayi dalêm pasthi kababaran | punika ing satêmahe | pun pasisingan baud | pasthi rayi paduka aji | dèrèng wruh ing wiweka | watêk maksih timur | ginunturan ing wong ala | pasthi dipun punika têka nuruti | amêngsah sri narendra ||
41. sri narendra kumêjot kang lathi | amiyarsa aturing kang uwa | duka sajroning manahe | dènnya ngandika asru | lah uwa ing karsa mami |[10] yèn têmên ingkang warta | iku karsaningsun | Si Tumênggung Pasisingan | pinatenan wiyahèn[11] yèn datan mati | pasthine dadi gêndra ||
42. jêngandika uwa benjing enjing | mêdalana karya patabatan | Pasisingan bubuhane | pan wus sami anambut | Pasisingan yèn sampun prapti | anuli sudukana | dening sirahipun | uwa katura maringwang | Jêng Pangeran Purubaya sigra amit | dhatêng sri naranata ||
43. Pangeran Purubaya wus mijil | saking pura gya mantri Mataram | sampun winangsitan kabèh | sami prayitna
--- [188] [268] ---
sampun | tan kawarna mantri Matawis | enjinge kang kucapa | pangeran wus mêtu | jêjênêngi mring patatan | wong Mataram eca dènnya nambut kardi | saprênah-prênahira ||
44. ênêngêna kang anambut kardi | Tumênggung Pasisingan winarna | wus rêmbug lawan putrane | kang nama Grayudèku | apan sampun winêling-wêling | lah poma kulub sira | ngaria karuhun | lan sakulawarganira | iya padha apadandana[12] tumuli | sakapraboning yuda ||
45. dening ingsun kulub kang rumiyin | ingsun anambut karya bêbata | ana paseban kidule | yèn wong bêbata iku | wana-wanane yèn uwus mulih |[13] dening ing mêngko sira | sun utusi iku | anuli sira praptaa | lan sagêgamanira aja na kari | sasampuning mamêkas ||
46. Tumênggung Pasisingan sira glis | sampun mangkat saking wismanira | prapta paseban kidule | praptane ki tumênggung | lampahira andingkik-dingkik | ngulap-ulap amawang | wong nambut karyèku | Jêng Pangeran Purubaya | wus uninga Pasisingan lagi prapti | pan sampun rinakitan ||
47. pan wus cêlak cinêluk amanis | Ki Tumênggung Sisingan dèn inggal | lah ta linggiha ing kene | sigra mlampah agupuh | Pasisingan prapta ing ngarsi | lampahe sigra-sigra | praptèng ngarsa lungguh | mantri sampun kinêjiban | sakathahe wus sami uningèng wasit[14] | nuli sami narajang ||
48. Pasisingan sampun dèn suduki | datan kongsi sagêd amalêsa | tan kongsi ngunus dhuwunge | Pasisingan wus lampus | ingkang ngiring ebat ningali | gya lumayu sadaya | wau murdanipun | Pasisingan wus tinigas [ti...]
--- [189] [269] ---
[...nigas] | gya jinambak kang murda sampun cinangking | pan sampun winadhahan ||
49. wus akatur dhatêng Sri Bupati | Purubaya saksana binakta | marêk ing sang prabu age | kang pura karsa iku | ênêngêna ingkang rumiyin | warnanên Agrayuda | anèng wismanipun | pun wus sinungan wruh ika | yèn kang rama sampun anêmahi pati | mastaka wus tinigas ||
50. apan pêjahe dipun suduki | Agrayuda anulya karuna | abela ngamuk karsane | gya ngrasuk busana wus | anyariga[15] kêris cinangking | sigra anitih kuda | nyandêr lampahipun | sarwi ngagêm waosira | kulawăngsa binêkta ngical ing margi | Grayuda kadhewekan ||
51. sapraptane wau păncaniti | Argayuda sampun rinakitan | Argayuda pangamuke | pan kadhewekan iku | pira kuwate wong sawiji | Agrayuda wus pêjah | wau patinipun | apan anèng pamanggahan | wus tinigas murdane Agrayudèki | kucapa sri narendra ||
52. apan sampun ingaturan uning | pun Sisingan apan sampun pêjah | Argayuda panusule | matine ngalun-alun | murdanira tinigas mulih | sigra sri naranata | nulya miyos gupuh | siniwi nèng pagelaran | wus pinarêk bangsal witana ing nginggil | ya ta Pangran Purbaya ||
53. sampun marêk mring sri narapati | sarwi nyangking pan ingkang nawala | wus ingaturakên age | angandika sang prabu | marang wariwaraning èstri | lah Tajêm timbalana | iya ariningsun | adhi mas sira waraha | lamun ingsun saking lami tan pinanggih | kangên mring kang salira ||
--- [190] [270] ---
54. iya lawan sapindhahe malih | dening gon ingsun madêg narendra | durung duwe kadhatone | pan lagi karsaningsun | pan si adhi sun kon jênêngi | ingsun dèn kayanana | kadhaton kang luhung | Nyai Tajêm sigra mentar | tan asuwe lampahe pan nulya prapti | dalêm kadanupayan ||
55. apan pangeran sampun apanggih | nulya dhawuhakên kang timbalan | kawula ingutus anggèr | mring raka dalêm prabu | gih paduka dipun timbali | dèn enggal lampah tuan | lah dandana gupuh | mila tuwan tinimbalan | saèstune paduka kinèn jênêngi | gèn nata karya kitha ||
56. wong Mataram kang anambut kardi | kitha punika mila pangeran | kinèn jênêngi wiyose | sigra pangeran gupuh | sigra dandos anulya mijil | kapal wus anèng ngarsa | tinitihan sampun | turăngga sigra kinêtab | nandêr nongklang lampahira sang apêkik | tan mawi upacara ||
57. tan asuwe lampahira prapti | ngalun-alun pangran wus tumêdhak | gya minggah satinggil age | prapta ngarsa sang prabu | jêng pangeran sampun alinggih | sang nata sigra nyandhak | mastaka ginantung | dèn uncalkên arinira | ing ngarsane lah iku rupane adhi | kang arsa junjung sira ||
58. pangran kêbat dènnya ngunus kêris | agya mastaka kang tinadhahan | cinacah-cacah murdane | sarwi ngandika asru | dening têka ngèmbèt-èmbèti | Pasisingan patinya | nora têka lampus | munduran nilar pucapan | apan ingsun nora sêdya nora ngimpi | amungsuh kakang nata ||
59. mati têka nora tulus mati | têka sira gêgawa maringwang |
--- [191] 271 ---
angrêrèndèng ing bêcike | sang nata ngandika rum | lah ta kaya apa ta adhi | aku ing ujarira | kang rayi wotsantun | ature dhatêng kang raka | sri narendra kawula datan angimpi | inggih nêdya punika ||
60. inggih botên nêdya êsir lair | pan kawula lila ing paduka | rèh tuwan umadêg rajèng | gêntosi rama prabu | pan sinêmbah uwong sabumi | myang dunung sêmbah amba | mung paduka prabu | sang nata ngrês manahira | amiyarsa ature arinirèki | sang nata angandika ||
61. alah uwis adhi mas ing mangkin | amung krêrigên lêluruhira | lan adhi mas pan akèhe | ujarira karungu | akèh-akèh karasa ati | kang rayi awotsêkar | inggih kakang prabu | polahipun Pasisingan | pan kawula saèstu botên udani | pan kajênge priyăngga ||
62. duraka punapa kang pinanggih | pan kawula purun mring paduka | kang rayi atur sêmbahe | saking ngarsa wus mundur | lampahira datan asari | wus rawuh dalêmira | tinimbalan sampun | sadaya lêlurahira | sampun prapta wong wolu kathahe nênggih | wastane kang lêlurah ||
63. kang atuwa wastane anênggih | Ănggapasra Ănggapati ika | lan Ănggayuda malihe | Patrayuda puniku | Ănggabaya Astraonggèki | Astrapati kalawan | pan Sastrapadèku | Wiralodra amamêkas | gih punika ingkang angabên-abêni | anênggih lênggahira ||
64. sosorane ki tumênggung nênggih | wus pêpakan timbalan sadaya | pangeran aris wuwuse |
--- [192] 272 ---
kabèh lêlurah ingsun | wruhanira mêngko sirèki | kabèh sira sun bănda | dhewe karsaningsun | padha sun gawa babadan | mring paseban sun aturkên kakang aji | dene ing mêngko sira ||
65. kabèh padha pinundhut sang aji | yakti mangko sun turakên sira | sadaya atur sêmbahe | gusti kawula nuhun | pasthi lamun dipun pêjahi | dhatêng sri naranata | gusti awak ulun | jêng pangeran angandika | apan ingsun tan wruh karsane sang aji | êmbuh mati uripa ||
66. nanging datan kuwasa wakmami | lêngganaa karsaning sang nata | marmane sira ing mangke | sun aturkên sirèku | sakarsane sri narapati | lêlurah kabèh samya | asangêt turipun | sadaya sami karuna | sarwi matur dhuh pangeran kadipundi | botên wande kawula ||
67. anêmahi pêjah ingkang abdi | yèn katura dhumatêng sang nata | amasthi pan botên wande | kawula têmah lampus | pan sadaya pan botên urip | kadospundi paduka | gusti wingkingipun | kadipundi solah tuwan | ingkang abdi yèn sampun sami nêmahi | lurah nangis sadaya ||
68. ingkang jawi samya mirsa warti | yèn ing jro gumrah swarèng karuna | prasami malêbu kabèh | praptè[16] jro milu umyung | inggih sami matur ing gusti | dhuh gusti sampun suka | abdine pinundhut | Ănggapatra Ănggayuda | Ănggapati sakancanira pan sami | matur mring gustinira ||
69. inggih măngsa wandeya nêmahi | ya ta Pangeran Arywa miyarsa | mring atur lêlurahe |[17] jêngêr tan bisa muwus | pan kèwêtan sajroning [sa...]
--- [193] 273 ---
[...jroning] galih | sigra kangjêng pangeran | aris dènnya muwus | lah kaya pa mêngko sira | ing budimu ing mêngko padha sun tari | lêlurah atur sêmbah ||
70. apan mangke ing paduka gusti | sampun gumrah pan arsa balela | yèn suwawi naking anggèr | sinambi lan satuhu | sakarsane sri narapati | inggih wus kula pastha | yèn tuwan prang pupuh | amêngsah raka paduka | sri narendra wadya Mataram sapalih | ingkang sampun karêmbag ||
71. samăngsa tuwan èstu nindaki | mangsah jurit mapan wong Mataram | sadaya mingêr barise | jêng pangeran amuwus | yèn mangkono uwus abêcik | lah uwis pradandana | kaprabon prang pupuh | ênêngêna Jêng Pangeran | kawarnaa sri narapati tinangkil | dangu nganti rinira ||
72. ingkang rayi adangu tan prapti | sri narendra aris ngandikanya | mring mantri jêro kêkalèh | Dakawana ranipun | kang sawiji aran Sumêngit | aglis sira mintara | inggal ariningsun | lah payo sira nusula | pan adangu ngong anti Dyan Ki Sumêngit | lawan Andakawana ||
73. kalih sampun sami awotsari | gya tumundhuk malayuni kuda | wus sami nitih kalihe | anyandêr kalihipun | tan asuwe anulya prapti | dalêm kadanupayan | kalih wus tumurun | Ki Sumêngit gya angucap | maring wong kang cêkêlana kuda mami | sun dhawuhkên timbalan ||
74. wus amêdhun saking kudanèki | Ki Sumêngit prapta ing paseban | kinèn nimbali lakune | wau sira andulu | kang gêgaman jêjêl mênuhi | mêmiringi [mêmiring...]
--- [194] 274 ---
[...i] manahnya | Sumêngit dènnya wruh | iki bêbayani uga | yèn mangkono pangeran yèn èstu balik | mangkana ciptanira ||
75. kaya apa mêngko ingsun iki | yèn matura marang sri narendra | ngaturna pangran alane | pan ingsun iki durung | babak bunyak sarira mami | sapa ngandêl maringwang | katon uga ingsun | angadon-adoni rasa | pasthi ingsun pinatèn dening narpati | sanadyan sun matia ||
76. anglakoni parentah narpati | apan iya iki lakuningwang | wau lumêbu sira ge | Sumêngit lakunipun | sigra nulya amiyak baris | ingandhêg lampahira | mring kang tunggu pintu | Ki Sumêngit sru angucap | lah ta mêngko aja ta sira adhangi | ingsun iki dinuta ||
77. iya marang kangjêng sri bupati | animbali gusti jêng pangeran | kang tunggu lawang saure | ya mandhêga karuhun | ingsun atur uninga dhingin | anuli matur sigra | marang gustinipun | matur yèn wontên timbalan | sri narendra anginggalakên jêng gusti | kawulandhêg ing lawang ||
78. Jêng Pangeran Arya sigra angling | lah ta priye karsanya sadaya | lêlurah tur sêmbah kabèh | sadaya sarêng matur | pan suwawi lawan jêng gusti | punika pinêjahan | pan sampun sung wêruh | amrih kawula sadaya | sampun kongsi katur dhumatêng narpati | wus mufakat sadaya ||
79. jêng pangeran nulya sigra mijil | apan sampun angrasuk busana | sapraptane jawi age | Sumêngit wus kadulu | wadyanira pan dèn kêjèpi | Sumêngit [Sumêngi...]
--- [195] 275 ---
[...t] lagya ngucap | timbalan sang prabu | tinarajang ing ngiringan | pan sinuduk kagyat anjola Sumêngit | sêdhèt narik curiga ||
80. kinarubut sigra Ki Sumêngit | ing ngakathah tan olih malêsa | Sumêngit wus pêjah age | Andakawana ngrungu | rame ing jro paseban nênggih | Sumêngit pinêjahan | Dakawana gupuh | kudane pan wus ciningklak | gya kinêtab anyandêr lampahirèki | praptèng ngarsa sang nata ||
81. pan umatur sarwi kêmpis-kêmpis | pan kawula ingutus punika | rayi paduka ing mangke | èstu ing awonipun | inggih sampun amêpak baris | pun Sumêngit punika | pinêjahan sampun | wau sawingking kawula | rayi dalêm lumampah nindhihi baris | angamuk karsanira ||
82. samya ngantêp ngamuk ing narpati | kagyat tyase sang nata miyarsa | sakalangkung panjêngêre | mirsa ing aturipun | ing utusan mantuk satunggil | sang nata angandika | mring kang uwa wau | inggih uwa Purubaya | kadipundi putra andika si adhi | ngamuk datan mundura ||
32. Durma
1. Jêng Pangeran Purubaya aturira | sampun karsaning Widhi | rayi jêngandika | tan kêna sinuwalan | saking tiwas kawulèki | tan kèdhêp ingwang | pitutur angaturi ||
2. lah ta uwa mangke yèn si adhi sida | pan inggih ngantêp jurit | ing karsa manira | saprayoganing lampah | nging aja tumêkèng pati | olèha pira | pêpati ing Matawis ||
--- [196] 276 ---
3. atusana èwun alêksan kêthèna | dèn amuk mring si adhi | aja na anglawan | dèn kêpunga kêwala | sun prih têkaa mariki | manawa kêna | sun pituturi ririh ||
4. sampun mijil Jêng Pangeran Purubaya | undhang wadya Matawis | miyarsa sadaya | ênêngêna samana | warnanên Radyan Mas Alit | sampun lumampah | sawadyanya angiring ||
5. jêng pangeran warnanira kadi babang[18] | mudhun saking ing ardi | anyamping samboja | paningsêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | murub rinenda | lancingan panji-panji ||
6. ajamang mas kinatipa tinatrapan | samaile rinakit | dhuwung anyuriga | Setankobêr wastanya | gumrudug lampahnyanèki | prapta ing ngarsa | gègère tan sinipi ||
7. jêng pangeran aris dênira ngandika | hèh sakèhing pawèstri | aja na kang obah | têka apêpasara | măngsa ngaraha pawèstri | pan karsaningwang | sira kang sun kukuhi ||
8. jêng pangeran wus prapta ing pangurakan | dangu dènnya anganti | mantri ing Mataram | kang sami asamaya | pangeran ngandika aris | hèh wong Mataram | padha angapirani ||
9. ing sanggupe samăngsa ingsun ngamuka | mingrê milu ing kami | mangko padha sigra | ya ta wong pangeranan | uninga yèn wong Matawis | citra[19] ngubaya | prasamya anglolosi ||
10. winantara mung kari wong kawan dasa | pangeran sigra angling | lah kaya ngapa |[20] pasthi sun undurana | pan wus karsaning Hyang Widi | sigra umangsah | arsa angamuk wani ||
--- [197] 277 ---
11. wong Mataram baris alun-alun aglar | nulya tinêmpuh wani | sing pinarak bubar | pan ora linawanan | mung bature kang kêpêncil | wong Danupayan | punika dèn patèni ||
12. lêlurahe sami adarbe pangarsa | inggih sampun ladosi | kucaping carita | Pangeran ing Madura | pangeran dèn palayoni | ing ngarsanira | angaturi prakawis ||
13. wus aprapta ngarsaning kangjêng pangeran | sampeyan dèn sungkêmi | aris aturira | adhuh gusti pangeran | ing mangke ta kadipundi | karsa paduka | inggih makatên gusti ||
14. ing paduka dene pan salah balela | mungsuh mring raka aji | Mataram punika | kagunganing paduka | kang jumênêng ing Matawis | raka andika | sampeyan tumut mukti ||
15. raka dalêm gagêntine rama tuwan | kawula angaturi | sampeyan kundura | sampun kados punika | punapa têmahan gusti | awon kapirsa | ing lyaning kanan kering ||
16. jêng pangeran aris dènira ngandika | Sampang aja baribin | ingsun kapakêna | pan wus karsaning Suksma | pan ingsun nora gumingsir | talitiningwang | yèn bèbèting Matawis ||
17. nora nana lokane cidra wacana | yèn wus ujare uwis | tan wêdi ing pêjah | Sampang lah wis mundura | aja ta amêmalangi | Pangeran Sampang | ature ngasih-asih ||
18. jêng pangeran sampun liwung manahira | sigra anarik kêris | hèh Sampang ta sira | dening papa kèdhêpa | anuli dipun larihi | cacêngêlira | Dipati Sampang mati ||
19. pra santana Mataram gègèr sadaya | nèng ngandhaping [nga...]
--- [198] 278 ---
[...ndhaping] waringin | lèring pagêlaran | Pangeran Silarongan | awas dènira ningali | Dipati Sampang | lamun sampun ngêmasi ||
20. angandika mring sakèhe wong Madura | gustinira ngêmasi | gumuling ing lêmah | ika sira rêbuta | wong Sampang sira ningali | santananira | mangsah sarwi anangis ||
21. wong Madura kumêrab abalanira | arsa angrêbut gusti | pangeran uninga | yèn wong Sampang narajang | pan sampun angati-ati | lêlurahira | kathahing ingkang kari ||
22. wong sakawan kalih ta ing êmbanira | Kanêm ingkang kêkalih | lan talèdhèk lanang | pangeran anarajang | wong Madura anadhahi | sinosok tumbak | kinarutug ing bêdhil ||
23. jêng pangeran pangamukira anêngah | lir Bimanyu ajurit | rinêbut ing rana | dening Sata Kurawa | winaos ing ngarsèng wuri | lêmbing brêkolang | saligi amalahi ||
24. wong Madura kathah lènge ingkang pêjah | kaprawasa ing kêris | pan kakehan lawan | pangeran karepotan | kêna ing dhuwung pribadi | bucêk satuma | pangeran wus ngêmasi ||
25. wong Mataram saparo rêbut bêndara | pan sami aningali | kakêtêg tan ana | lan tatu katingalan | bucêk sarira kaèksi | pangrasanira | pangeran nora mati ||
26. jêng pangeran binabayang mring pagongan | sakèhe wong Matawis | ingkang angrêrămpa | sakathahing santana | atêbah jaja sarywa ngling | dhuh gustiningwang | wus karsaning Hyang Widhi ||
27. Jêng Pangeran Salarong [Sala...]
--- [199] 279 ---
[...rong] sigra mariksa | apane ingkang kanin | katur bucêkira | pangeran angandika | pasthi iku lamun mandi | luwange saban | Si Setankobêr dhimin ||
28. sok tibaa pucuke agawe răndha | ênêngêna dipati | warnanên pangeran | layone wus binakta | marang ing bangsal pangapit | katur ing nata | duka yayah sinipi ||
29. nulya miyos kang ibu lawan sang nata | kang rayi dèn tangisi | pra êmban karuna | sêsambat amlasarsa | dhuh sultan dika tingali | têtilar dika | tan kêna dèn pituturi |[21]|
30. lah ing mêngko sira nêmahi pralaya | dhuh anak ingsun gusti | sira kaprawasa | mêngko lah kaya apa | sira nêmahi pribadi | Pangran Purbaya | asru dènira angling ||
31. lah ta sampun punapa kang rinasanan | wus karsaning Hyang Widhi | putra jêngandika | umure mung sapala | pan sampun dipun bêciki | pangran layonnya | warnanên sri bupati ||
32. angandika sang nata atungtum duka | sapa ingkang nangani | dene wong Mataram | têka lirakên wêkas | yayi mas kongsi ngêmasi | sigra Pangeran | Salarong atur bêkti ||
33. inggih dede wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | ing gustine palastra | marmane supe ing gusti | sarêng narajang | radèn rinêbut wani ||
34. wong Madura kathah longe ingkang pêjah | pun adipati mati | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cilik | bela dipatya | mendah yèn [yè...]
--- [200] 280 ---
[...n] wusa akir ||
35. angandika sang nata ing wadyanira | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira sang nata | pasah ludira wus mijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||
36. ingkang layon jêng pangeran wus pinêthak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kucaping carita | sang nata adarbe ciri | gèthèk baunnya | wêwasi kang rumiyin ||
37. dhuh Pangeran Silarong mring Balambangan | amatèni wêwasi | adarbe pratiknya | arsa malêsa pêjah | yèn ana Ratu Matawis | gèthèk baunnya | surub ingsun ing benjing ||
38. ênêngêna Mataram ingkang kucapa | kang kesah anglurugi | marang Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapêl watêsnya | Pasuruan abaris ||
39. sakathahe pra mantri pêpak sadaya | miwah măncanagari | Kyai Wiraguna | kang dadi senapatya | asmaradana panumping | Ki Danupaya | sami mantri panumping ||
40. linggihipun apan tunggal lan santana | pan kinon angêmbani | mring Pangeran Arywa | kinèn milu ngluruga | pan sampun tata abaris | dyan kawarnaa | ing Balambangan nênggih ||
41. Balambangan pan sampun obah sadaya | wong Bali wus bantoni | pan sampun siyaga | sagamaning ayuda | wus mêdal saking nagari | ayunan-yunan | kalawan wong Matawis ||
42. Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumungah | sampun yitna sadaya | sampun praptèng têpis wiring | enjang kawarna | bêndhe munya tinitir ||
43. wong Mataram barise sampun tinata | miwah măncanagari | sampun tata-tata | myang wong ing Balambangan [Balambanga...]
--- [201] 281 ---
[...n] | pan sampun atata baris | kang dadi dhadha | tanggulanging wong Bali ||
44. pangiride awasta Lurah Yabana | kalawan Panjipati | pan sampun tangara | tawang alun nèng kanan | Wiranagara nèng wuri | wong Balambangan | ingkang dadya têtindhih ||
45. wus tangara wong Bali lan Balambangan | miwah wadya Matawis | pan sampun tangara | sigra têmpuhing yuda | pangawat kanan lan kering | ababêdhilan | wong Bali akèh mati ||
46. Panjipati kalawan Lurah Yabana | pan arsa angawaki | anulya tangara | wau sigra narajang | wong Bali wong ing Matawis | têmpuhing yuda | lir udan sinêmèni ||
47. sampun ilang tatane wong aprang jajar | tumbak bêdhil wus mati | arukêt kang yuda | rame pêdhang-pinêdhang | sawênèh kêris-kinêris | sêndhal-sinêndhal | anigas angakahi ||
48. lindhu awor riwut prange wong kabranan | kang waras anggulungi | marang ingkang pêjah | pêpati anggalasah | lir pendah babatan pacing | tiyang kang pêjah | wangke sungsun atindhih ||
49. wong Mataram kalindhih ing yudanira | dèn amuk ing wong Bali | alir singa ludra | galak tan olih măngsa | lir pendah buta akanin | kagila-gila | pangamuke wong Bali ||
50. wong Mataram tan măngga-măngga puliha | kang mara-mara mati | kang mundur kabranan | tatanira wus bubar | măncanagara wus ngisis | Ki Wiraguna | awas dènnya ningali ||
51. yèn kang aprang angisis kathah kang pêjah | karsanira ngawaki | sigra atangara | têtêg kaya butula | bêndhene tinitir-titir |
--- [202] 282 ---
para prawira | sadaya angawaki ||
52. sigra mêngsah Ki Tumênggung Wiraguna | wong Mataram awêdi | kalamun mundura | lir macan atênaya | sadaya samya abali | angantêp yuda | ajrih mundur sanyari ||
53. sigra ngamuk wong Jawa kagila-gila | wong Bali akèh mati | kinathahan lawan | dhasare sampun sayah | dèn amuk kapati-pati | para prawira | ing Mataram ngawaki ||
54. pangamuke para prawira lir yaksa | liwung angobat-tabit | anumbak anigas | anduduk lan amêdhang | angidêg sarwi ngakahi | wong Balambangan | akathah ingkang mati ||
55. wus kalindhih pêrange wong Balambangan | wong Mataram nyuraki | pan kadi ampuhan | lir karêngèng awiyat | kang bumi lir gonjang-ganjing | suraking bala | kadya rubuh kang langit ||
56. Panjipati kalawan Lurah Yabana | wau sampun gumingsir | amiyarsa surak | kalangkung wirangira | wadana kadya sinêbit | umajêng sigra | pan arsa ngamuk malih ||
57. ing wong Bali watara pan kathahira | kalih bêlah kang kari | prasamya angucap | sêdhêng payo linawan | payo aja na gumingsir | pan sarwi onclang | watange wus kumitir ||
58. wong Mataram uninga yèn êmban pêjah | sigra para prajurit | umangsah sadaya | iya măncanagara | prasamya arêbut dhingin | anêmpuh yuda | kalawaning wong Bali ||
59. Panjipati kalawan Lurah Yabana | pangamuke lir bêlis | ting barêkik samya | watangira dèn ikal | balêdug ingkang katangkis [katang...]
--- [203] 283 ---
[...kis] | putung akathah | salinira wus prapti ||
60. pan Ki Răngga atêmpuh lawan wong wetan | mungsuh lan Panjipati | agêbang-ginêbang | ananging kantun olah | wong Bali sampun utami | ywa ulah bênthak | Ki Răngga kasêliring ||
61. linarihan Ki Răngga jajane pasah | aniba nuli mati | wong Mataram mulat | yèn Ki Răngga wus pêjah | anulya Ki Panjipati | dèn byuki kathah | rinampok tan wigati ||
62. ginêbugan ing bêdhil lawan landhêyan | garêse dèn pênthungi | dèn antêbi sela | pira ta kuwatira | wong siji dipun kathahi | rêmuk awaknya | Panjipati ngêmasi ||
63. Kyai Lurah Yabana sigra narajang | panggih padha sawiji | lan wong Pranaraga | kang wasta Citrayuda | adangu ungkih-ingungkih | Lurah Yabana | rosa dènira tangkis ||
64. Citrayuda arosa panumbakira | watang putung atangkis | sigra linarihan | dening Lurah Yabana | jajanya trus marang gigir | Ki Citrayuda | aniba nula[22] mati ||
65. Wiratanu uninga adhine pêjah | nrajang sarowangnèki | Ki Lurah Yabana | dèn byuki wong akathah | rinampok pating saluwir | arang karanjang | Lurah Yabana mati ||
66. sirna larut wong Bali akathah pêjah | wong Balambangan uning | yèn wong Bali têlas | nulya kabèh lumajar | pati-pati babêntusi | pating balêsar | rêbut urip pribadi ||
67. Tawangalun lumayu amungkur menda | anuli dèn tututi | tinrajang ing kuda | nusup ing galagahan | katuju ngidak [ngida...]
--- [204] 284 ---
[...k] parêcil | gudam[23] anjola | dubilah aku mati ||
68. wong Mataram samana sampun kelangan | dipatine satunggil | Ki Wiranagara | lumayu ngalor ngetan | palayune sipat kuping | mung bojonira | pinêlêng ngarsa ngili ||
69. wong Mataram prasami antuk bandhangan | panganggone kang mati | kêris tulup pêdhang | prajurite kang pêjah | prasamya dipun bêciki | ingkang prayoga | jisim binakta mulih ||
70. pan wong Bali Balambangan kinêthokan | ya ta kasaput wêngi | samya masanggrahan | sadalu pirêmbagan | pan samya arsa angungsi | mring kithanira | sampun lolos ing wêngi ||
71. Tawangalun kalawan Wiranagara | samya ngungsi mring Bali | Kyai Wiraguna | asru dènnya ngandika | angatag ing para mantri | amboyongana | wongmu aja na kari ||
72. wus lumampah sami bêboyong sadaya | wong Balambangan ênting | sami kinarakat | cacahe kang ginawa | sèwu limang ngatus nênggih | sarupanira | cacah êndhas winingis[24] ||
73. Ki Tumênggung Wiraguna wus miyarsa | warta saking Matawis | yon[25] Pangeran Arywa | sampun seda ing rana | angamuk ing sri bupati | pun Pasisingan | kang dadi setan bêlis ||
74. Ki Tumênggung Danupaya wus miyarsa | langkung dènira tintrim | pan sami karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh pangeran gusti mami | sampun salaya | ingsun gawanên gusti ||
75. Ki Tumênggung Wiraguna ciptanira | yèn ingsun iki mulih | măngsa ta uripa | susunanku tan arsa | ngawulakkên marang
--- [205] 285 ---
mami | nadyan matia | angur matia jurit ||
76. Ki Tumênggung Wiraguna rêrêmbugan | lawan mantri Matawis | lan Kacanagara | karsane ambaranjang | ambêdhah nagara Bali | wong Balambangan | ing Bali kang dèn ungsi ||
77. Tawangalun kalawan Wiranagara | padha ngungsi mring gusti | ginêcêk wasisan | nagri ing Balambangan | măngsa wande dados kardi | sampun mufakat | sakèh para bupati ||
78. baboyongan tinêngga mring wong akathah | para mantri lit-alit | enjang kawarnaa | nulya nêmbang tangara | pan sampun bubar kang baris | karsane ika | ambanjur marang Bali ||
79. kawarnaa wus prapta ing lampahira | satêpining jaladri | ing sagara rupak | sami kandhêg sadaya | kewuhan tan olèh margi | ing karsanira | apan karya wot wêsi ||
80. pan alami nèng kono Ki Wiraguna | warnanên nagri Bali | wus miyarsa warta | pan arsa ingunggahan | prasami adandan baris | pinatah-patah | kang mêtu ing pasisir ||
81. wus lumampah wong Bali jaga lautan | wastane ingkang ngirid | pun Panjiarungan | kathahe kang baita | satus sami isi baris | pan ênêngêna | kucapa wong Matawis ||
82. ki tumênggung wau ingkang tinanggênah | nanging wong ing pasisir | kang jaga lautan | lami dènnya angambang | wong Bali tan amiyosi | ya ta kapirsa | baita kathah prapti ||
83. Ki Tumênggung Mataram sampun uninga | wong Bali amêtoni | sigra atêngara | nulya dandan sadaya | layare wus dèn rucati | adhêdhayungan | sigra bêdhil-binêdhil ||
84. lan wong Bali pan sami sudiranira | karsane marêpêki |
--- [206] 286 ---
wadyane ginêlak | dhayung kalawan satang | kinarutug dening bêdhil | kari dandanan | wong Bali akèh mati ||
85. pambêlah kathah pêjah ing sanjata |[26] maksih sudira wani | Ki Panjiarungan | ngadêg têngahing pal |[27] pan maksih dipun bêdhili | dupi wus cêlak | lan palwa ing Matawis ||
86. salan banthol arame bênthak-binênthak | anèng têngah jaladri | suraknya lir gêrah | ya ta wong Balambangan | kinarutug dening bêdhil | Panjiarungan | pambêlahe wus mati ||
87. dandanane pan sampun rêmpu sadaya | palwa tan kêna osik | pan katut ing ombak | kinêpung palwa kathah | Arungan dipun bêdhili | kêna ing sela | êndhas kêna gumuling ||
88. sarêng pêjah Arungan êndhas tinigas | palwane dèn unggahi | wong Bali kèh pêjah | kamuk dening wong Jawa | samya ambyuri jaladri | pan ingkang gêsang | kawus tan ana wani ||
89. ênêngêna wong Bali ingkang kucapa | ingkang sami abaris | nèng pinggir samudra | Tumênggung Wiraguna | pan arsa gawe wot wêsi | lami nèng kana | diparag ing gagêring ||
90. Ki Tumênggung Wiraguna nandhang gêrah | sangêt dènira sakit | pra mantri sadaya | sami ararêmbugan | karsanira bubar mulih | sampun mufakat | nulya bêdholkên baris ||
91. sigra bubar datan kawarna ing marga | ing Balambangan prapti | sakèhe boyongan | kinèn andhinginana | gêgaman kang munggwing wingking | Ki Wiraguna | samana amamêling ||
92. lamun ingsun kang têka dina wêkasan | saênggon ingsun mati | sira apêndhêma | mulih marang Mataram | ya ngêndi gon ingsun mati | sira pêndhêma | apan tan pilih bumi ||
--- [207] 287 ---
93. sun tatêdha ing Allah lan Rasulullah | aja mulih Matawis | raose tiningwang | sanadyan sun uripa | susunan ingsun Matawis | mangsi karsaa | ngawulakkên ing mami ||
94. lan sakèhe anak putuningsun benjang | pan ingsun têkèng pati | têka pirabara | yèn dèn kawulakkêna | sri bupati ing Matawis | karana apa | padha ngasmara pati ||
33. Asmarandana
1. sadaya sami anangis | miyarsa wawêlingira | alara-lara sambate | Ki Tumênggung Wiraguna | pan sangêt gêrahira | manahe saya anglayung | sêdyane age matia ||
2. datan kawarna ing margi | prapta ing Kadhiri sira | samana amundhut laloh | pan sampunira karasa | nulya wau pan seda | wau ta kyai tumênggung | tinangisan mring santana ||
3. kunarpa wus dèn bêciki | karsane ingkang santana | layone ginawa mulèh | sadaya pan samya êngah | dening wawêkasira | pan sigra utusan mantuk | sampun ngaturi uninga ||
4. yèn Ki Wiraguna mati | Ki Tumênggung Danupaya | kalangkung sangêt gêtune | Balambangan sampun bêdhah | sèwu kang baboyongan | sigra aputusan sampun | lampahe asêsandêran ||
5. datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Mataram | atur uninga sang katong | saature kang utusan | purwa têkèng wêkasan | sri narendra langkung bêndu | anulya sigra utusan ||
6. lah ta wong Singanagari | Martalulut lumakua | papagêna mring lakune | Si Tumênggung Wiraguna | jisime dèn pêndhêma | yèn kapapag nèng dalanggung | sanak [sa...]
--- [208] 288 ---
[...nak] putune sadaya ||
7. ingkang sami maksih urip | iku padha patènana | utusan wus mintar kabèh | datan kawarna ing marga | lampahe sampun prapta | sadaya sampun kapêthuk | anjujug ing pamondhokan ||
8. anak putune kapanggih | sadaya wus sinundukan | pan kalih wêlas kathahe | sadaya wus pinêjahan | pinêtak anèng kana | asmaradana winuwus | ambubarakên gêgaman ||
9. Ki Danupaya mirsèki | jisime Ki Wiraguna | pinêndhêm anèng ênggone | anak putu pinêjahan | sadaya manahira | Danupaya pan anglampus | sangsaya sangêt kang gêrah ||
10. sigra amundhut jêjampi | Ki Tumênggung Danupaya | gêring kawiting larane | awor trêsna ing Pangeran | samana wus palastra | mila atêmahan lampus | ki tumênggung nguntal upas ||
11. ki tumênggung wus ngêmasi | jisim pinêtak ing marga | tan kawarna ing lampahe | tumênggung ngasmaradana | praptèng taji ararywan | pan sampun awêling atur | nanging datan tinimbalan ||
12. wontên ing taji alami | boyongane Balambangan | samana sampun angere | lami ingandikan-dikan | pan Kiyai Radana | purwakanira dinangu | nulya pinêjahan sira ||
13. datan kawarna wus lami | sang nata madêg narendra | sampun angalih kadhaton | apalèrèn puranira | nagara karsa raja | Mataram pamungahipun | mirah kang sarwa tinumbas ||
14. ana kang winuwus malih | punakawan alit mila | sampun jinunjung lungguhe | Ki Ngabèi Wirapatra | kalangkung sihi nata | kinarya pêpatihipun |
--- [209] 289 ---
amarentah wong Mataram ||
15. nênggih kang winarna malih | amangsuli ing carita | Pangran Silarong kandhane | kala jênêngira sultan | pangran kala samana | asaos kêmit ing dalu | rumêksa sajroning pura ||
16. kala samana narpati | akarsa angesahêna | dhatêng amêng-amêngane | kang nama pun Jurutaman | sirna saking Mataram | mila sangêt dukanipun | sultan dhatêng Jurutaman ||
17. dening dahad ngrêrusuhi | pakaryane mindha-mindha | sultan pinindha citrane | karya lêtuh wong jro pura | mila dhatêng kang duka | sultaning tyas dahat gêmpung | ing dalu kala samana ||
18. Jurutaman dèn timbali | sapraptanirèng ing ngarsa | sigra tinalêmpak age | kaprajaya jajanira | pasah ludira muncar | sigra musna tan kadulu | Jurutaman sampun sirna ||
19. kangjêng sultan sigra angling | lah ta iku kêmit sapa | Pangran Silarong ature | inggih jêng sultan kawula | lingira kangjêng sultan | lah sira buwanga iku | gêtihe Si Jurutaman ||
20. sira buwanga ing kali | aywa na nglutuhi jaman | iku yèn maksih ambête | dadi jajêmbêri pura | pan iku luwih ala | wus ingalap ingkang marus | ing siti wus kinêrugan ||
21. apan winadhahan takir | êrah kang tan mawi lêmah | kakêrugan ing sitine | sampun winadhahan liya | enjing arsa binucal | ing dalu datan winuwus | enjing sampun samya mêdal ||
22. prapta dalêmira enjing | pangran samana adhahar | ingadhêp dening sagawon | nyandhing rahing takirika | sasampuning adhahar | Pangran Arya ngêpêl [ngêpê...]
--- [210] 290 ---
[...l] sêkul | tinutulkên gêtih ika ||
23. inguncalakên ing anjing | kêbat panyaploking sona | kang anjing tiba anglèsèd | pêjah akongsi apolah | karsane jêng pangeran | pinakan marus mrih lêmu | kang sona tan nyana pêjah ||
24. kinèn ambucala aglis | sona ambêdhêl wulunya | pinaksa binuwang age | Pangran Silarong garjita | kang êrah karsanira | jinatonan lisah tuhu | têmbe ana karyanira ||
25. jinaton lisah kalêntik | ing kalapa wilis ika | lisah sinimpên agatos | punika nênggih purwanya | tinundhung dosanira | winastan sagêt anêluh | giniryakkên Waladana ||
26. apa ta sampun alami | gènnya dalêm Waladanan | malah sampun pagêr banon | lami-lami sultan gêrah | langkung sangêt gêrahnya | Pangran Salarong agupuh | tinimbalan mring Mataram ||
27. sapraptanira Matawis | mapag kang para santana | sami ngêrdatin manahe | dadya sihira sang nata | tan antara samana | puput panjênênganipun | mantuk dhatêng Rahmatollah ||
28. sedane sri narapati | Pangran Salarong tan arsa | agya mantuk mring dalême | pan arsa angêntosana | panjênênganing putra | dènnya gumantung sang prabu | mila tan nêdya mantuka ||
29. pan arsa tumut ngèstrèni | umadêgira kang putra | datan antara lamine | pangeran jumênêng nata | anggêntosi kang rama | ingsètrènan jênêngipun | dhatêng santana sadaya ||
30. datan sakeca kang galih | pangran tilare kang putra | alami dènnya angantos | radine
--- [211] 291 ---
wadya Mataram | wus pitêdahing Sukma | Pangran Salarong kinèn wruh | wawêlane panjênêngan ||
31. pangamuke radèn kalih | dhatêng ing raka narendra | malah pangran tumut kothèh | dènnya ngampingi sang nata | Pangran Alit sedanya | apan sedane angamuk | sedane dhuwung priyăngga ||
32. ri sampuning mangkanèki | Pangran Salarong ngandika | anulya tinundhung mulèh | marang desa Waladanan | kawarnaa Mataram | sêdhênge pamuwahipun | nagara karta raharja ||
33. mangkana winarna malih | Sri Naranata Mataram | ngandika mring santanane | akèn ngupados wanudya | ingkang luwih utama | ingkang ayu warnanipun | kinarya sêlir karsanya ||
34. pra santana anulya glis | ngalampahi pangandika | nanging ingkang winiraos | samana Pangran Balitar | ingaturan kang wadya | yèn wontên dyah luwih ayu | nanging wontên lakinira ||
35. wismanipun ing Matawis | nênggih pawèstri punika | anake ki dhalang gêdhog | awasta Kiyai Wayah | namaning mantunira | kang adarbe rabi ayu | Kyai Dalêm namanira ||
36. anulya pinundhut aglis | dhumatêng Pangran Balitar | ingaturakên sang katong | rabine Ki Dalêm ika | apan bêkta pêtêngan | kalih sasi laminipun | antuke Ki Dalêm ika ||
37. dupi katura narpati | pawèstri pan pinariksa | amêthuki karsa katong | wus pinêrnah dalêmira | apan kinarya garwa | langkung sihira sang prabu | sinung nama Ratu Wetan ||
38. saking sangêt sih narpati | samana sinung julukan | Ratu Malang
--- [212] 292 ---
jêjuluke | mila jêjuluk mangkana | dening sri naranata | supe garwane sadarum | amung garwa Ratu Wetan ||
39. sasampunira alami | wawratan dhatêng samaya | ambabar jalu putrane | sakalangkung sih narendra | dumatêng putranira | miwah dhatêng garwanipun | sangsaya sangêt sihira ||
40. nanging tan antara lami | kalawan panyanyarira[28] | kang jalêr lami kagalèh | dhumatêng sri naranata | kang aran Dalêm ika | samana dudu kang dhawuh | Ki Dalêm wus pinêjahan ||
41. sapêjahe ingkang laki | kang aran Ki Dalêm ika | Ratu Wetan panangise | Ki Dalêm sinambat-sambat | Ki Dalêm lakiningwang | ingsun nora bisa kantun | alah antènana ingwang ||
42. apan ningsun nora lami | suli anusul mring sira | ingsun antènana bae | samana datan antara | Ratu Wetan gya gêrah | mutah ngising gêrahipun | tan alami nuli seda ||
43. sakathahe dalêm puri | samana pan rinakit |[29] binathekan ing kaputrèn | lan pinacuhankên ika | ana awèha sêga | miwah ana awèh banyu | ngilokakên dosanira ||
44. mila sami dèn sakiti | kathahe wong dalêm pura | dening ratu duk gêrahe | asambat Dalêm samana | tampinira sang nata | wong dalêm panggawenipun | sedanira Ratu Wetan ||
45. sinarèkkên gunung Kêlir | Ratu Wetan layonira | samana sang nata supe | cinarita mung garwanya | kang tansah kaciptèng tyas | marminya tansah mring kubur | lan putra jalêr titilar ||
46. punika tan kêna mari | mangkana wikaning nata | lah payo sira nak ingong | sun gawa saparan ingwang | sira anak ing dhudha | sapa ngingoni
--- [213] 293 ---
sirèku | tinilar ing biyangira ||
47. pra santana agêng alit | miwah punggawa sadaya | sami ngaturi sang katong | èngêta ing puranira | sang nata tan gumiwang | manahira maksih liwung | orêg kang wong sanagara ||
48. orêging wong sanagari | punika dados wawêla | panjênêngane sang katong | tan winarna laminira | sang nata tilar putra | têngga layon garwanipun | anèng gunung Kêlir ika ||
49. pan karsane dèn urugi | wau layone kang garwa | tansah sinawang citrane | samana dhatêng antara | owah sipatin laywan | layon kaimpi ing dalu | wangsiting Suksma katingal ||
50. katingal garwanirèki | tumut ing lakine lama | Ki Dalêm ika wastane | sang nata kadi ginugah | kagyat ing tyas narendra | angandika èsmu bêndu | lah uwis gya urugana ||
51. lah sira pasêka aglis | aywa angrawati karas | sigra ingurugan age | sang nata gya sira bubar | wus mantuk angadhatyan | apan binabatan sampun | nala sare tata jana ||
52. wus têntrêm wadya Matawis | alama datan winarna | kucapa Pangran Salarong | adalêm ing Waladanan | kalangênane dara | mangkana ingkang winuwus | wontên ta kawulanira ||
53. ngingu dara ulêm gambir | pinundhut dhatêng pangeran | tan pinaringan yatrane | amung pinaringan lisah | kang saking ing Mataram | lawase arsa linabuh | dèrèng marêngi karsanya ||
54. samana nuju marêngi | pangeran amundhut dara | mila gya pinaringake | dhatêng kang aduwe dara | apan sampun winêkas | pakaryane lisahipun | asok ingkang pinaringan [pinaring...]
--- [214] 294 ---
[...an] ||
55. ya ta wontên wadya malih | angingu dara mêmegan | anulya pinundhut malèh | pinaringan datan arsa | anêdha pinaringan | kadya ki upas kang canglung | samia pakaryanira ||
56. nanging pangran tan marêngi | kang kadya ki anglung ika | dening kang pinaringake | panawane anglung upas | lah iki tampanana | maringi sun mring sirèku | panawane ingkang upas ||
57. wus aja sumêlang ati | pakulèhe iku uga | pan iki alêwih abot | têka isi anglung upas | iki lah tamakêna | yèn ana wong kêna anglung | tawanên ora tumama ||
58. dening namaning wadyèki | kang pinaringan pênawa | Ki Citra ing Têgal Ampèl | dening kang pinaringan |[30] kawa araning lênga | ingkang lung upas ranipun | kalih pan sami lumampah ||
59. punika kandhane nguni | kala alame samana | yèn ana wong rêbut lilèh | miwah wong rêbut wicara | yèn kongsi atêrasa | akathah pêjah dèn anglung | kyèh waras dening Ki Citra ||
60. wus kontrak wong sanagari | ucaping wong duk samana | mring Ki Citra Têgal Ampèl | kaawa ing panggawenya | aran Ki Citra tawa | kaloka kalamun nampuh | nawa wong kang anglung ika ||
61. sok si kacandhaka ugi | mring panawane Ki Citra | mèh kaya amasthèkake | waluyane wong kang lênga | waras padha sakala | samana sampun misuwur | tanah Pajang Waladanan ||
62. patine têtiyang alit | kathahe wong kang anglung lênga |[31] tan kêna rêbut wiraos | datan antara laminya | undhak-undhaking loka | karêtagnyana katêluh [ka...]
--- [215] 295 ---
[...têluh] | patine ing wong punika ||
63. saking lêpasing pawarti | wus korak wong samataram | wus katur dhatêng sang katong | yèn wadya lit kathah pêjah | ing Pajang Waladana | mangkono ta pêjahipun | langkung duka sri narendra ||
64. apan wus kinèn anitik | ajale ana mangkana | sapa ta baya uwite | iku titikên dèn nyata | pan katur yèn kang paman | inggih wite karya lampus | miwah witing karya waras ||
65. apan wus tan kêna gingsir | pratiknyanira Ki Arja | ing nguni kala pinatèn | mring Pangran Salarong ika | kala prang Balambangan | milane duka sang prabu | sangsaya-saya kagagas ||
66. kèngêtan dosaning nguni | kang paman duk nèng Mataram | marmane winêdalake | saking nagari Mataram | wisma ing Waladanan | kang punika dosanipun | mila dhatêng duka nata ||
67. samana wus dèn timbali | kang paman dhatêng Mataram | sipêng sadalu lamine | enjing ingatag mantuka | wong gandhèk ngiringêna | pangandikane sang prabu | hèh wong gandhèk wêkas ingwang ||
68. yèn wus prapta jabe[32] taji | lah wong gandhèk lakunira | mêtu akuwêl dèn age | iku ta dèn kalampahan | iya pan dhawuh ingwang | anulya gandhèk wot santun | wus mundur saking ngajêngan ||
69. wus prapta jawining taji | ing wong gandhèk lakunira | mêdal ing kuwêl lakune | sang nata dangu angantya | wus kinèn amariksa | katur dhatêng sang aprabu | yèn mêdal ing kuwêl ika ||
70. sangêt dukaning narpati | asru dènira ngandika | mring abdi Martalulute | lawan wong Singanagara | age sira susula | Man[33] [Ma...]
--- [216] 296 ---
[...n] Salarong ulihipun | iya sagone kacandhak ||
71. aja sira kongsi mulih | nuli sira uwisêna | Martalulut tur sêmbahe | kalawan Singanagara | lampahe gêgancangan | kacandhak desa ing Biru | pangran sampun tinêlasan ||
72. pinêtak ing gunung Wujil | datan alama samana | lagya nêm sasi lamine | ingêlih dhatêng Mataram | pinêtak ing bacingah | apan binabadanipun | wong sêsanga prang martala ||
73. kawarnaa sri bupati | gènira jumênêng nata | sampun akathah putrane | patutaning Surabaya | nênggih putra kang tuwa | ginadhang jumênêng ratu | prabu anom ing Mataram ||
74. putra lyan malih kêkasih | arine pangran dipatya | kang kalih tunggil ibune | Pangran Pugêr kang atuwa | ywa Pangran Singasêkar | punika warujunipun | nênggih wontên malih putra ||
75. samya sanès ibu nênggih | nama Pangran Martasana | wontên putra timur malèh | kêkalihe kang satunggal | anama Radèn Tapa | gantya wau kang winuwus | Pangran Dipati ing Mataram |[34]|
76. ingkang eyang têksih urip | Jêng Pangeran Surabaya | anèng Mataram dalême | punika kang cinarita | Pangeran Surapringga | bakisar wadon dèn ingu | lama-lama dadi lanang ||
77. sakalangkung dèn kasihi | bakisar dening pangeran | punika pangandikane | salawase anèng dunya | apan durung tumingal | lan maninge durung ngrungu | ayam wadon dadi lanang ||
78. pan warnane iya bêcik |
--- [217] 297 ---
ing Mataram datan ana | bakisar kaya mangkene | ingsun tan layak duwea | iki patut sang nata | bakisar ingkang angingu | pantês anèng jroning pura ||
79. Pangeran Purbaya angling | marang ingkang para garwa | bakisar iki ing mêngko | sun aturne sri narendra | Pangeran Surabaya | pan sigra busana sampun | asowan marang jro pura ||
80. bakisar wus dèn ulêsi | sutra pêthak kang kinarya | Pangeran Surabayane | mijil saking dalêmira | tan kawarna ing marga | praptane kadhaton sampun | kandhêg wijil paregolan ||
81. sampun katur mring narpati | pun paman ing Surabaya | umarêk dhatêng sang katong | nulya age tinimbalan | sapraptane ing ngarsa | cundhuk kalawan sang prabu | alênggah ayun-ayunan ||
82. Pangeran Surabaya ngling | matur dhatêng sri narendra | inggih dhumatêng sih katong | angaturakên bakisar | mila katur sang nata | dene endah warnanipun | purwanipun kang bakisar ||
83. ingkang bakisar puniki | pawèstri angsale kuna | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelag | dhatêng sagêt akêluruk | mangke konjuka sang nata ||
84. sri narendra anampani | bakisar sarwi ngandika | anêdha ing pracayane | paman ing sih jêngandika | sri narendra asuka | nanging duka jroning kalbu | osiking naya mangkana ||
85. bisa nuksmèng agal alit | ing waweka sampun nêlas | graita landhêp pasêmon | Jêng Pangeran [Pangera...]
--- [218] 298 ---
[...n] Surabaya | sampun kinèn mantuka | samana pan sampun mantuk | warnanên sri naranata ||
86. enjing sang nata tinangkil | pinarêk ing kamandhungan | maksih kagugu manahe | kang paman ing Surapringga | ngaturakên bakisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||
87. sang nata emut ing galih | wirayate ing Mataram | susunan panyênêngane | tan ana liyan maguta | lyan putra kang atuwa | patut ing Surabayèku | sri narendra angandika ||
88. marang sakèh para mantri | mantri ing lêbêt kewala | hèh sakèhing wadyaningong | si paman ing Surabaya | wingi awèh bakisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||
89. pangrasane ati mami | mapan Surabaya kaya | awèh sasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanudya | ing mêngko wus asêsunu | putune pan mêtu lanang ||
90. anak ingsun ki dipati | mêngko pan sampun diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | ingsun kinèn sèrèna | bakisar katur maringsun | pantês ana jroning pura ||
91. ingsun pan kinèn gumingsir | putune kang jumênênga | mangkono iku sêmune | si paman ing Surabaya | dening anggege măngsa | wong atuwa nora patut | dening awya gege măngsa ||
92. sakathahe para mantri | langkung sami ajrihira | mirsa sang nata bêndune | nulya bubar sri narendra | malêbèng kênyapura | tan winarna laminipun | wong jêro kathah miyarsa ||
93. wus misuwur sanagari | Pangeran ing Surabaya |
--- [219] 299 ---
sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sangêt duka | marga saking bakisar | kalangkung ing ajrihipun | tinarka matur sêmonya ||
94. tanpa nyata tanpa ngimpi | darbea raos mangkana | sang nata salah tampane | wadya Pangran Surabaya | arsa marêk sang nata | atur pêjah gêsangipun | sarayatipun binakta ||
95. miwah ingkang para rabi | santana jalu wanudya | punika binakta kabèh | Pangeran ing Surabaya | sampun lumampah seba | pan ênêngêna karuhun | warnanên sri naranata ||
96. enjing sang nata tinangkil | dening mantri kulawarga | prasami pêpakan kabèh | pêpak andhèr pagêlaran | dening sri naranata | pinarêk ing sitiluhur | andhawuhkên pangandika ||
97. anjujung[35] namaning siwi | têtilare Ratu Wetan | Pangran Salarong namane | punika wawratan bêktan | kang rayi sinung nama | kang patut sangking sang prabu | nama Pangran Natabrata ||
98. kawarnaa Adipati | Surabaya sigra mangsah | karsanira ayun pepe | anak putune binakta | miwah kang para garwa | wus praptèng waringin kurung | sami asèlèh curiga ||
99. warata kathahirèki | anak putune sadaya | miwah lan para garwane | anênggih sawidak papat | Pangeran Surabaya | mangrêp-arêpa tumungkul | pan sampun asrah ing Suksma ||
100. mangkana sri narapati | pinarêk anèng dhêdhampar | kagyat ningali wong pepe | dening kathah tiningalan | wong ngêndi iki baya | nèng ngandhap waringin kurung | paran pinèpèkkên ika ||
101. lah paresanên dèn aglis | sapa kang apepe [ape...]
--- [220] 300 ---
[...pe] ika | pan iya sapa arane | lan apa ingkang sinêdya | ingutus sigra nêmbah | mudhun saking sitiluhur | lampahe amamêndhapan ||
102. tan asuwe sigra prapti | ing prênahe jêng pangeran | sigra pan animbalake | pangandikaning sang nata | Pangeran Surabaya | inggih pan apepe iku | punapa karsa paduka ||
103. pangeran ngandika aris | milane pepe manira | atur pêjah gêsang ingong | lah wis matura sang nata | gandhèk mundur sirargya | prapta ngarsane sang prabu | wong gandhèk matur anêmbah ||
104. pukulun pakuning bumi | kawula sampun mariksa | inggih punika kang pepe | pun pamaning Surapringga | ngaturkên pêjah gêsang | katura jêng sang sinuhun | kagyat manahe sri nata ||
34. Sinom
1. kagyat sang nata miyarsa | ing aturira kang abdi | sang nata sampun anduga | yèn kang paman darbe kapti | wus cinakra ing galih | atur pêjah gêsangipun | eca dènira lênggah | kèwêtan sajroning galih | pan karaos sang nata ing putranira ||
2. amikir sajroning nala | pinupus manah sang aji | kang jumênêng ing Mataram | amung ingsun ingkang luwih | kang dadi senapati | tan liya mung raganingsun | upama sun sagara | kang alêlawan kang bêcik | apan kawot sang nata alon ngandika ||
3. lah wong gandhèk lumakua | timbalane dèn agipih | si paman ing Surapringga | tumanduka marang mami | samawana si bibi | panggih ala raganingsun | lurahe kapêdhaknya | miwah ingkang para cèthi | ingkang tuwa si paman ingkang lumampah ||
--- [221] 301 ---
4. anak putune sadaya | lanang wadon agêng alit | karia nèng pangurakan | si paman Surabayèki | kang kinèn nêmbah mijil | mandhapa nêmbah lumayu | tindake sarêng napak | wus mundhun[36] saking satinggil | sarêng prapta lampahe tindak jatmika ||
5. gandhèk kalih mêndhak-mêndhak | anulya atata linggih | umatur sarwi anêmbah | tanduk ingsun nênimbali | kawula nuhun gusti | ingutus dera sang prabu | sampeyan tinimbalan | apanggih lawan sang aji | samawana garwa tuwan ingaturan ||
6. inggih wayah putra tuwan | kang sêpuh wontên ing wingking | Pangeran ing Surabaya | agupuh dènnya lumaris | sarêng lawan kang rayi | wau dènira tumanduk | lampahe sigra-sigra | wus prapta wau satinggil | sakathah wau kang seba tumingal |[37]|
7. angrês manahe sadaya | pra mantri kang samya nangkil | dinulu langkung mamêlas | pan samya dhingkul alinggih | prapta ngarsa narpati | sang nata sigra tumurun | saking dhêdhampar êmas | kang paman dipun gêlari | apan jajar sang nata lawan kang paman ||
8. pangeran sampun pinarak | kalawan garwanirèki | mingsêr-mingsêr lênggahira | kang garwa anèng ing wuri | kalangkung awiragi | sang nata ngandika arum | dèn kapara ing ngarsa | samawana lan si bibi | ngangsut-angsut kang garwa gèmèli kănca ||
9. angrês manahe sang nata | andulu dhatêng kang bibi | miwah dhumatêng kang paman | langkung dènira mlasasih | muka konjum[38] ing siti | angandika sang aprabu | punapa karsa dika | pepe sangandhap waringin | pan kawula tan darbe tyas êla-êla ||
10. kawula kalangkung kagyat |
--- [222] 302 ---
andika ngowah-owahi | pepe nèng waringin jajar | Pangeran Surabaya ngling | kawula gusti ajrih | ayun andarbèni atur | ngaturkên pêjah gêsang | saking cupête kang budi | pan kawula tiyang cêguk mudha dama ||
11. ngaturakên pêjah gêsang | saking cupête kang abdi | tan liya ambalilaa | dhumatêng sri narapati | balilu anglampahi | kawula kenging sasiku | kawula botên nêdya | botên nyana botên ngimpi | angaturi sasêmon dhatêng sang nata ||
12. mila kawula sang nata | atur bakisar rumiyin | tan pantês kula ingua | dening warnanipun pèni | anèh lawan sasami | botên nyana yèn kasiku | yèn sêdya miringana | punapa dening nyêmoni | darmi Allah lawan darmi Rasulullah ||
13. kawula mangko punika | yèn èstua anyêmoni | samawana balilaa | tan layak wontên Matawis | botên layak sinandhing | yèn cêmêra raganingsun | layak dipun tumpêsa | dinamêl paran aurip | milanipun kang paman tur pêjah gêsang ||
14. kang garwa matur karuna | sêsambate mêlasasih | adhuh kawula sang nata | lêhêng pinêjahan dhingin | yèn pun paman ngawoni | tumpêsên nak putunipun | inggih dhatêng sumăngga | yèn darbea salah ati | sri narendra miyarsa nênggak kang waspa ||
15. angrês manahe sang nata | miyarsa aturing bibi | lan pangrêpane kang paman | manjêlut manah sang aji | mênggah sri narapati | dening èwêt manahipun | sadaya kang miyarsa | sagung kang para bupati | prêbêng-prêbêng sawênèh wus mêtu waspa ||
16. sang nata aris ngandika | mênggah-mênggah dènira ngling | ingkang botên-botên [botê...]
--- [223] 303 ---
[...n-botên] paman | anggêga ujaring warti | pocapaning kang sêngit | angadon-adoni tutur | paman dados punapa | yèn anggugua pawarti | pan kawula botên rumaos yèn duka ||
17. anggoroh ingkang pawarta | wontên ujar kang kayèki | yèn darbea balilaa | mring paman kula bêndoni | edane kang awarti | kawula pan maksih maklum | nagari ing Mataram | ing benjing sapungkur mami | yèn manira sampun pinundhut Ywang Suksma ||
18. wus parentahing Hyang Suksma | kang kinarya madêg aji | anggêntèni ing manira | pinasthi tan kêna gingsir | ing benjing akir mami | pasthi lamun putraningsun | ujar ingkang acêtha | anging ta dede ing ngriki | Wanakarta kadhatone kaki putra ||
19. inggih kadhaton Mataram | kawula kang amêkasi | datan kêna singgahana | sampun jangjine rumiyin | Mataram salin kardi | puput panjênêngan ratu | angalih Wanakarta | sapatiningsun ing wingking | sigra matur Pangeran ing Surabaya ||
20. sun tatêdha ing Hyang Suksma | sampun salin-salin aji | lan sampun kongsi kaliya | tan ana pantês nagari | liyana ing Matawis | sun têdha maksih akukuh | tan ana kang prayoga | ing rat jagad tanah Jawi | mung Mataram kang pantês dadi kadhatyan ||
21. sri narendra angandika | pan wus karsaning Hyang Widhi | rusaking Mataram benjang | dening putraningsun iki | ki prabu anom nênggih | kawitan nagara lêbur | Pangeran Surabaya | langkung gagêtun ing ati | amiyarsa panyêthane sri narendra ||
22. sri narendra angandika | lah paman ing Surabanggi | andika
--- [224] 304 ---
mantuka inggal | sampun anggugu pawarti | ingkang dados pawarti | sakathahe dika êmut | botên sêdya mangkana | tan anyana tan angimpi | ingkang paman amit minta lan kang garwa ||
23. sang nata jêngkar siniba[39] | malêbêt ing kênyapuri | ginarêbêg ing badhaya | nênggih pitung rancak sisih | tur sami ayu luwih | warnanira para arum | dening wau Pangeran | Surabaya sampun mijil | ing paseban kang mulat lir guladrawa ||
35. Dhandhanggula
1. Adipati Surabaya mulih | pan sadaya mantuk para garwa | sampun prapta ing dalême | tan kawarna ing ênu | kawuwusa sri narapati | animbali kang wadya | karsane ingutus | mantri jêro ingkang wasta | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | sarêng prapta ing ngarsa ||
2. angandika sang sri narapati | Yudakarti lan Wăngsataruna | sira mintara dèn age | ngulatana sirèku | wong pawèstri ingkang abêcik | ingkang patut kagarwa | marang jênêng ingsun | pasisir măncanagara | ulatana dening ta wawêkas mami | yèn ana banyu gănda ||
3. masthikane ênggoning pawèstri | ingkang layak kagarwa maringwang | ulatana dèn abrêsèh | pasthi iku katêmu | gêdhe cilik ingkang nagari | iya sira pêpaka | têkaning wong dhusun | kang kinèn tur sêmbah mintar | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | ambanjur king paseban ||
4. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta pasisir sadaya | kinapitan saking kilèn | tan wontên ingkang patut | sakèh èstri dipun tingali | tan ana
--- [225] 305 ---
kang prayoga | lampahira banjur | wus prapta ing Surabaya | Yudakarti samana emut ing galih | pan manggih sasumbêran ||
5. wus ginănda kang banyu awangi | sigra angling lawan Wăngsatruna | baya ing kene prênahe | pawèstri ingkang ayu | lah anêdha marang nagari | mantri ing Surabaya | pinêpak sadarum | sakathahe kang wanudya | ingkang wêling sang nata lamun amanggih | ing toya kang agănda ||
6. apan sami pawèstri kapanggih | sigra laju dhatêng Surabaya | kang jinujug pitêngêne | Pangran Surabayèku | Mangunjaya wastaning mantri | utusan sampun prapta | prasami alungguh | pan sampun tata alênggah | sigra angling Wăngsatruna Yudakarti | manira kang utusan ||
7. Jêng Susunan Narendra Matawis | apan kinèn ngulati wanudya | ingkang abêcik warnane | Mangunjaya andhêku | kang utusan amuwus aris | halah Ki Mangunjaya | pêpakan sadarum | pawèstri ing Surabaya | gêdhe cilik têkan anaking patinggi | aja na kaliwatan ||
8. Mangunjaya garjita ing ati | pan anyipta sajroning wardaya | emut kalamun putrane | warnanipun apunjul | angluwihi ing wong sanagari |[40] angucap jroning nala | baya anak ingsun | pinasthi karsaning Suksma | yèn kapundhut mring narendra ing Matawis | baya ta wus katingal ||
9. Mangunjaya sigra dènira ngling | ing sang duta kawula sandika | sang nata satimbalane | kinèn pêpak sadarum | Surabaya sagung pawèstri | inggih pangraos kula | kadi botên antuk | kawula darbe atmaja | èstri ayu ing ngriki tan [ta...]
--- [226] 306 ---
[...n] wontên mirib | andika tingalana ||
10. lamun botên kangge putra mami | èstri ing Surabaya sadaya | pan dipun pêpakna kabèh | utusan sigra muwus | sokur bage dika pribadi | darbe putra prayoga | kawula yèn wêruh | Mangunjaya sigra ngundang | mring putrane wayahe rumaja putri | nanging dèrèng diwasa ||
11. lagi jêbên kakêmbêning bayi | lagi sêdhênge birai sêkar | angedani sapolahe | ni rara sigra rawuh | mring ngarsane utusan aji | cahyane kadi wulan | ing purnamanipun | aturut ingkang salira | jarijinya arurus amucuk êri | sikil ana malira ||
12. Yudakarti jomblong pan ningali | Wăngsatruna malongo kiwala | angucap sajro kalbune | iki ta èstri ayu | sajêg ingsun urip puniki | pan durung sun tumingal | wanudya kayèku | baya wus karsaning Suksma | èstri iki layak kagarwa narpati | utusan sigra mojar ||
13. Mangunjaya manira ta iki | aningali marang putra dika | luwih prayoga ature | inggih dhatêng sang prabu | dening mangke ing karsa mami | putra dika katura | dhumatêng sang prabu | ing pasisir datan ana | èstri ingkang mèmpêra kadya puniki | ing sapaningal ingwang ||
14. Mangunjaya tumulya sigra ngling | pan kawula kalangkung sumăngga | tan rumaos pan adarbe | putra kawula niku | kaatura ing sang narpati | ing mangke kaparêngan | katur ing sang prabu | nadyan pêjah gêsang amba | datan ngraos kawula adarbe urip | kagungan sri narendra ||
--- [227] 307 ---
15. kang utusan kalih sigra angling | lah anêdha sami adandana | manira bubar ing mangke | wau ta dandan sampun | Mangunjaya sarayatnèki | anulya sigra bubar | ni rara tinandhu | tan kawarna lampahira | sampun prapta ing nagari ing Matawis | jujug ing Wirarêjan ||
16. Ki Ngabèi Wirarêja nênggih | pan kinarya lêlurah kapêdhak | Ki Yudabăngsa sisihe | Yudapati tumanduk | Wăngsatruna pan sampun prapti | matur mring Wirarêja | kawula pan antuk | pawèstri endah kang warna | atmajane Ki Mangunjaya anênggih | mantri ing Surapringga ||
17. kadi layak katur ing narpati | inggih punika kawula bakta | Mangunjaya sarayate | lanang wadon pan tumut | Wirarêja sigra dènnya ngling | iya sira undanga | manira asung wruh | Mangunjaya wus ingundang | sigra prapta mring dalême ki ngabèi | anak rabi binakta ||
18. Wirarêja sigra aningali | mring ni rara langkung ayunira | mung kapalang maksih lare | Ki Wirarêja muwus | lah ing dawêg kawula irid | marêk dhatêng sang nata | pawèstri kang ayu | tan layak wontên ing jaba | sigra mangkat Wirarêja aglis prapti | kandhêg ing wijil pisan ||
19. sampun katur dhatêng sri bupati | kang utusan ngulari wanudya | angsal nanging maksih lare | èstri sigra pinundhut | tiningalan mring sri bupati | sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanudya kapalang durung birai | sang nata angandika ||
20. marang Nyai Wirarêja aris | lah gawanên mulih wismanira | lare kulihêna wangke | besuk yèn mangsanipun | èstri iku sêdhêng birai [bira...]
--- [228] 308 ---
[...i] | besuk age lêbokna | sigra awotsantun | Wirarêja sigra mêdal | sang dyah rara pan sampun binakta mulih | marang Kawirarêjan ||
21. ênêngêna ingkang sampun mulih | Nyai Wirarêja praptèng wisma | wontên kang winarna malèh | anênggih garwanipun | Jêng Pangeran Asingasari | samana kacarita | ulah lambang santun | lawan jêng pangran dipatya | malah asasêcan dènnya lambangsari | lan pangeran dipatya ||
22. pan mangkana prasêtyanirèki | pangran dipati mring sang kusuma | lah iya besuk ing têmbe | yèn ingsun madêg ratu | aywa sira sumêlang ati | pasthi ing besuk sira | sun jênêngkên ratu | iku yayi èstokêna | nanging kang garwa Pangeran Singasari | samana lirwèng ujar ||
23. apan adarbe rarêmên malih | radèn ayu ingkang rinêmênan | Radèn Dhobras kêkasihe | dadi alambang santun | lawan Radèn Dhubras anênggih | Radèn Dhubras punika | apan arinipun | kang ibu pangran dipatya | dahat duka samana pangran dipati | dèn sêtyai ngoncatan ||
24. apan malih Pangran Singasari | apan sangêt ing dukanira |[41] dening ing wau garwane | pan olah lambang santun | lawan Radèn Dhubras anênggih | nanging pangran dipatya | samana pan durung | kuwanguran jroning nala | lambang sari lan garwanira kang rayi | kapalang ingoncatan ||
25. mila tan taha pangran dipati | dènnya ngling mring Pangran Singasêkar | mangkana pangandikane | adhi kaya pa iku | de rabinya alambang sari | lawan si paman ika | kaya pa sirèku | sanadyan iku si paman | yèn alate kade
--- [229] 309 ---
piyangkuh tan bêcik | lêwih ing karsanira ||
26. nuntên Radèn Dhubras dèn apusi | dhatêng pangeran ing Singasêkar | mring kêbon alas puruge | sapraptaning ing ngriku | Radèn Dhubras dipun pêjahi | gènnya ambuwang tilas | linêbêtkên sumur | nulya tinanêman pisan | pan sinamun marmane iku katitik | wong dèrès kang uninga ||
27. wus prêmana gènnya angsal titik | nulya sigra pan ginrudugan |[42] anulya dhinudhuk age | wadya kèh kang andhudhug[43] | duk kapanggih kang punang jisim | marêngi ingkang arga | Marapi gumludug | kang jisim sampun pinêtak | kawarnaa kang ardi anggêgirisi | swara kadi rubuha ||
28. gumaludhug tan pêgat swarèki | lajêng ladhu mudhun alorodan | saking arga nurut lèpèn | myang kang sela atarung | pêcahira pan kadya gêni | ting pancorot katingal | anglir udan awu | ambèr nêmpuh padêdesan | pan akathah desa katêmpuh ing gêni | kathah wonge kang pêjah ||
29. pan samana gègèr wong Matawis | pan ngulama mukmin muji donga | sirna ladhu pandongane | surud kang punang ladhu | wong Mataram wus têntêrm malih | samana binabadan | babadirèng dangu | awarna muka pinanah | de sang batu akathah datan winarni | wadya lit wus raharja ||
30. tan winarna ing alami-lami | kawarnaa wau sri narendra | animbali ing putrane | timbalana nak ingsun | Ki Dipati Anom dèn aglis | ingutus sigra mintar | anulya cumundhuk | lan pangeran adipatya | sigra matur utusan anênimbali | jêngandika ngandikan ||
31. jêng
--- [230] 310 ---
pangeran adipati gipih | wus busana anulya lumampah | miyos bêbutulan age | datan suwe wus cundhuk | lan kang rama Rajèng Matawis | jêng pangeran tur sêmbah | sumungkêm ing suku | anè[44] lêbu dalamakan | sampun wungu anulya mundur wotsari | gènnya lênggah mangrêpa ||
32. jêng pangeran kalangkung dènnya jrih | mring kang rama manêku[45] angrêpa | yèn tinon kalairane | sakèhe kang andulu | padha angrês kang aningali | pangrêpane pangeran | kalangkung jrihipun | tan mătra tatraping putra | sri narendra kang putra tansah liniring | kadi mijil kang waspa ||
1 | cêploknya. (kembali) |
2 | Lebih dua suku kata: pan sampun saos sadaya. (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata: pêpak wadya Mataram. (kembali) |
4 | atarap. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: lawan Wăngsanagara. (kembali) |
6 | anangkil. (kembali) |
7 | karsaningsun. (kembali) |
8 | angidhêp. (kembali) |
9 | Kurang dua gatra: ke-6 (7a) dan ke-7 (6u). (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: lah uwa pan ing karsa mami. (kembali) |
11 | wiyahên. (kembali) |
12 | apradandana. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: wana-wanane yèn wus mulih. (kembali) |
14 | wangsit. (kembali) |
15 | anyuriga. (kembali) |
16 | praptèng. (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: mring atura lêlurahe. (kembali) |
18 | bambang. (kembali) |
19 | cidra. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: lah ta kaya ngapa. (kembali) |
21 | Lebih satu suku kata: tan kêna dèn tuturi. (kembali) |
22 | nuli. (kembali) |
23 | gundam. (kembali) |
24 | winilis. (kembali) |
25 | yèn. (kembali) |
26 | Kurang satu suku kata: pambêlahe kathah pêjah ing sanjata. (kembali) |
27 | Kurang satu kata: ngadêg têngahing palwa. (kembali) |
28 | pambabarira. (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: samana pan rinakitan. (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: dene ingkang pinaringan. (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata: kathah wong kang anglung lênga. (kembali) |
32 | jabèn. (kembali) |
33 | Mas. (kembali) |
34 | Lebih satu suku kata: Pangran Dipati Mataram. (kembali) |
35 | anjunjung. (kembali) |
36 | mudhun. (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: sakathahe wau kang seba tumingal. (kembali) |
38 | konjêm. (kembali) |
39 | sineba. (kembali) |
40 | Lebih satu suku kata: angluwihi wong sanagari. (kembali) |
41 | Kurang satu suku kata: apan asangêt ing dukanira. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: nulya sigra apan ginrudugan. (kembali) |
43 | andhudhuk. (kembali) |
44 | anèng. (kembali) |
45 | manêkung. (kembali) |