Babad Mangir, Suradipura, 1913, #1125
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Punika Sêrat Babad Mangir
Ing ngajêng babonipun mawi dipun sêkarakên macapat, sapunika kasantunan kadamêl têmbung gancaran, amurih gampiling para maos, saha tumuntêna sagêd mangrêtos ingkang dipun cariosakên.
Dening
Radèn Ngabèhi Suradipura, tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi, ing Mèstêr Kornèlis.
Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Pirmah Papirus, Bêtawi.
1913
--- [4] ---
[...]
--- [5] ---
Pêpucuking sêrat ingkang kadamêl gêgancaran amêwahi asrining panglipur, panglipuring manah prihatos, prihatosipun awit kagèndèng saking suraos-suraosipun Sêrat Babad Mangir, inggih punika ingkang anama Kyai Agêng Wanabaya, ing tanah Mangir, sakalangkung amêmuja ing sihipun Pangeran ingkang Murba Wasesa, awit darbe wasiat ingkang sakalangkung agêng kagunanipun, awarni waos dhapur Baru Kuping, andadosakên sangêt lubèring kapurunanipun, satêmah balela bătên purun kaêrèh dhatêng Sang Prabu ing Pajang. Mila tansah ambêguguk ngutha waton, karana panggagasing manah kuwawi anyêmbadani guna sêktinipun sang nata, ngantos dumugi karaton ing Ngèksigănda, tansah mogok botên sudi anyêmbah dhatêng panjênênganipun ratu.
Para kadang warganipun sami darbe pangrimuk saha pamrayogi, angaturi rêmbag mugi karsaa sowan dhatêng sang nata ing Mataram, amurih raharjaning lampah, jalaran sakiwa [sa...]
--- 6 ---
[...kiwa] têngêning jajahan tanah Mangir, sampun sami suyud têluk saha atur bulu bêkti miwah glondhong pangarêng-arêng. Măngka tanah : Kêdhu, Bagêlèn, Pathi, Japara, Madiun, Kadhiri, Pajang, Sêmarang inggih sampun sami suyud angabêkti, namung kantun Kyai Agêng piyambak, ingkang dèrèng angidhêp ing Mataram, tansah adamêl pakèwêding ratu. Makatên malih ing Mangir tanah langkung alit, ing saèstu kirang prayogi katingalan ingakathah, pancèn salêrêsipun tanah ing Mangir kalêbêt jajahaning Mataram.
Aturipun para warga: kyai, punapa ingkang dipun andêlakên, tiyang kawon samukawisipun, mêngsah ratu kawon sugih bala, dados sadayanipun kasoran. Binasakakên sampeyan punika kyai, kados kate angrangsang gunung, cebol anggayuh langit, kados timun anglawan durèn, paran marginipun sagêd unggul, sampeyan anandhingi sang prabu.
Tumuntên Kyai Wanabaya mangsuli ambêkuh: pan Allah kang andarbèni bumi, aku suwita ing Allahutangala, ora ngawula Senapati, jêr padha titahing Pangeran. Aku [A...]
--- 7 ---
[...ku] namung ngukuhi nalika mula bukane, gone cikal bakal wong tuwaku kang wus nyuwarga, ababad alas sarta macul ora nyênyambat liyaning janma, panggarape luwih saka rêkasa, satêmah dadi sawah lan têgal, apa manèh aku ora nêdya amanèni sarta nyikara pakaryaning ratu, tuwin aku ora nêdya dadi narendra, awit aku dudu waris asaling ratu, apa kang dèn ucap manèh, mung aku wis dak niyati suthik kaêrèh marang sasamaning manungsa. Nanging aku duwe pasang giri: aku gêlêm ngawula sarta anyêmbah ing pada marang sapêpadhaku, mênawa ana manungsa kang kaconggah anadhahi marang pucuking tumbakku, kang aran Kyai Baru Kuping, pusaka saka lêluhurku.
Para kadang warganipun sami eram, dene botên mikir rêmbag kang raharja, amung tansah kumalungkung angandêlakên waosipun. Manawi para sêntana matur bêbolèhi lajêng kasêntak panggalih runtik. Cinêlak cariosipun Kyai Agêng Mangir sampun dumugi ing janji mantuk dhatêng ajalipun.
Kocap putranipun jalêr ingkang anggêntosi kalênggahanipun, [kalênggah...]
--- 8 ---
[...anipun,] saha nama anunggak sêmi ingkang rama Kyai Agêng Wanabaya, mênggah adat watak wantunipun sampun jiblès ingkang rama, malah anggêp kumalungkungipun angungkuli ingkang sampun nyuwarga. Taksih anèm warninipun ragi bagus, ambêranyak ladak angkuh mawi kaduk bêsus, wanci sampun jêjaka sêpuh, sarta kèringan sasamining tiyang, kikis Praga mangalèr dumugi ing Mlarang dipun êrèh, mangidul Tandhês ing pasisir, mangalèripun malih dumugi ing Bantul, ingkang sampun angidhêp dhatêng Mangir. Măncapat-măncagangsalipun ing Mangir sampun sami suyud abipraya dhatêng Kyai Agêng Wanabaya. Rintên dalu tansah kasukan ngabotohan botên mawi lèrèh. Kyai Wanabaya nèm, ugi amogok botên purun angidhêp dhatêng karaton ing Ngèksigănda, tansah sêsumbar botên ajrih atandhing prang kalihan Senapati.
Kacariyos Sang Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga ingkang akadhaton nagari Mataram, sawêg miyos siniwaka wontên ing sitinggil, pêpak upacara narendra, ing pagêlaran kêbak para punggawa, mantri, bupati sapanêkaripun, [sapanê...]
--- 9 ---
[...karipun,] sami sowan jêjêl sêk-sêkan. Kêbak rêrênggan ingkang linuhung, gêbyaring kilat thathit anyarêngi, tejamaya sumorot asri, awit saking prabawaning narendra, busana abra sumirat ingkang gănda amrik arum, anglir rêdi sêkarsari raras sumawur, cahyaning praja angrêsêpakên, dumêling ing nginggil gumawang, pratăndha narendra têdhak rêmbêsing madu, trah andanawarih, wêwinih matêng ing tapanipun, misuwur ing kaprawiranipun, wasis ing paprangan, lir pendah Radèn Dananjaya. Sri narendra pinarak ing sitinggil, lênggah ing dhampar kancana adi, cahyaning mega tan santun, pating pêncorong katingalan, kados lintang sèwu abyor, wahyuning sang nata kados Bathara Wisnu, anêmpuh Prabu Watugunung, sayêktos lamun pituruning pêpakunipun tanah Jawi, pantês jumênêng nata ing Ngèksigănda. Tansah ingadhêp putra santana, Radèn Adipati Măndraka wontên ing ngarsa, Tumênggung Jayasupănta, kalihan Adipati Martalaya, tuwin Tumênggung Bocor, Adipati Saradipa ing Pathi, Kêdhu, Pajang, Dêmak, Sokawati, sami sowan ing byantara nata.
--- 10 ---
Sang prabu angandika aris: paman Măndraka, ingsun taros, kados pundi prakawis Kyai Gêdhe Mangir, sampun tita ngantos dumugi sapunika tansah mogok botên purun seba angidhêp dhatêng karatoningsun, punapa botên prayogi enggal linurugan lajêng kagêbag ing prang, tinumpêsan sabrayat kulawangsanipun sadaya, janji sipat jalêr dipun pêjahi.
Adipati Măndraka matur: dhuh sang nata, kula botên anyuwawèni, dipun sarèh karsa paduka nata, sanadyan ing Mangir tanah alit, nanging botên kenging ginagampil tinêmpuh ing prang, manawi lêpat saèstu ambêbayani, miwah adamêl risaking wadyabala kathah. Makatên malih nama nistha panjênênganing ratu, têka mêngsah bêkêl panajungan, wontên ingkang dados pakèwêdipun ing lampah, awit gadhah wasiat warni waos dhapur Baru Kuping, ampuhipun sakalangkung sangêt, sanadyan têguh kulit têmbaga ingkang atos balungipun kados tosan purasani, otot kawat akêre prunggu, bilih kadhawahan waos Baru Kuping lêbur tanpa kukupan, awit saking timbalanipun [ti...]
--- 11 ---
[...mbalanipun] Ingkang Sinuhun Kalijaga, amisik dhatêng kula: pun Mangir dêdamêlipun linangkung, botên kenging katulak manungsa, singa ingkang kadhawahan amêsthi maot, tur sampun cinêtha ing riwayat dados pusakaning ratu Jawi, pasanganipun Kyai Plèrèt ing têmbenipun, mila sakalangkung rêmpit, botên langkung prayogi kabujuk alus kemawon, mênawi sampun kenging waos wau botên wontên wancak galihipun, sakarsa paduka nata, kula dhatêng jurungi.
Sang Prabu ngandika arum: yèn makatên andika rêmbug rumiyin, raharjaning lampah ingkang dipun parsudi, miwah rahayune sakathahing punggawa, ingkang botên damêl nisthaning ratu, nanging sagêda pikantuk damêl.
Adipati Măndraka matur sêndika, sarta lajêng ngandika dhatêng Pangeran Mangkubumi, Singasari tuwin Adipati Martalaya, kapriye rêmbug para, ingsun tari.
Pangeran Mangkubumi, Singasari, Adipati Martalaya sadaya sami matur: dhuh sumăngga, punapa sapangrèh paduka kula dhèrèk kemawon.
--- 12 ---
Adipati Măndraka matur ing sang prabu: bilih amarêngi karsa paduka nata, duryat paduka sang suji,[1] linurugakên ing ayuda. Kula upamèkakên misaya mina salêbêting toya, toyanipun taksih abêning, nanging ulamipun sagêda kacêpêng.
Mèsêm sang aprabu, grahita salêbêting galih, sri narendra jêngkar kondur angadhaton ginarêbêg para biyada. Sang nata anggagas ing galih, atur ingkang winados, sarawuhipun dhatulaya tata lênggah ingayap para parêkan.
Kocap pisowan jawi para punggawa sami bibar mantuk ing pondhokanipun sowang-sowang.
Duk samantên Sang Hyang Surya sampun sêrap, asrining căndra purnama gumantos, angalela padhang sumrah rum-arum, gumêbyar ingkang lêlangên angrêsêpakên.
Sang nata ngandika dhatêng Nyai Tumênggung Adisara: sira ingsun [ingsu...]
--- 13 ---
[...n] utus animbali paman Adipati Măndraka, barênga lan sira lêbuning kadhaton.
Nyai tumênggung mundur saking ngabyantara nata, utusan sampun dumugi ing Mandrakan kapanggih lajêng sami tata lênggah kalihan sang adipati. Nyai tumênggung matur:
Radèn adipati, pakênira ingandikan sang aprabu, wontên pakaryan ingkang wigatos, ingkang adamêl kasmaranipun putra pakênira sang nata, asarênga salampah manira.
Sang adipati matur: manira inggih sandika.
Sampun kapirid lumêbêt ing kadhaton, sowan ing ngarsa nata, sang aprabu lajêng ngandika: paman, suwawi andumugèkakên rêmbag nalika kula siniwaka wontên ing sitinggil, sintên ingkang kapiji anglêbur dhatêng ing Mangir, ingkang sagêd ambabarpisani sampun ngantos ngapingkalih damêl.
Sang Dipati Măndraka enggal matur: bilih andadosakên kaparêng karsa paduka sang prabu, duryat paduka Sang Dyah Radèn Ajêng Pambayun, dipun lampahakên ing ayuda sarana lampah sandi, pun Adipati Martalaya ingkang rumêksa
--- 14 ---
ing pakèwêd, kinèn dados dhalang ringgit purwa, akanthi kadangipun Tumênggung Jayasupănta, sami rumêksa sang dyah rêtna, lan pun Saradipa dados panjakipun, pun Tumênggung Bocor sampun ngantos kantun, minăngka juru nabuh kêmpul, Saradipa juru pangêndhang, Saradula nabuh kênong, Nyai Tumênggung Adisara dados juru panggêndèr. Dene kêmpul prayogi wasiyat paduka Kyai Bicak, kapêndhêt sawab pangèstunipun, amurih lêstantun manggih rahayu ing lampah, putra paduka radèn ajêng dipun akêna anak dhatêng ki dhalang ingkang sayêktos.
Sang aprabu sakalangkung kapinujon ing galih, atampi sandi sêdyaning ki dipati: paman, manira marêngi.
Hèh, Adisara, di enggal timbalana si Adipati Martalaya malêbu marang dhatulaya, Tumênggung Jayasupănta lan Saradipa tuwin Tumênggung Bocor, apamanèh Si Sardula.[2]
Nyai Adisara nyêmbah matur sandika, ingkang tinimbalan sampun kapirid sadaya, sampun sowan ing ngarsa nata.
Sang prabu ngandika asor madu mêdharakên sandining karsa, pangandikanipun: [pa...]
--- 15 ---
[...ngandikanipun:] sira punggawa nênêm, kabèh ingsun utus lumaku sandi upaya marang nalar kang ruwêd, lan si Tumênggung Adisara minăngka kanthinira padha angrêksaa putraningsun nini Pambayun, punggawa nênêm kang alus rapêt lumaku sandi upaya, aja nganti kawanguran, yèn nganti kajodhèran satêmah ambêbayani. Andadèkna kawruhanira: si Mangir saiki wus tita nyata balela marang karaton ingsun, amogok boya gêlêm seba marang ingsun, dene kang dadi karsaningsun, sira wong nênêm kang golong kumpul dadi sawiji, lumakua mênyang Mangir. Si Martalaya sun dadèkake dhalang, asilih aran Sandiguna, Jayasupănta arana Sandisasmita, dene si Tumênggung Bocor sêsiliha Sandiupaya, si Saradipa isih lêstari,lan Saradula boya ingsun êlih.
Radèn Ajêng Pambayun, enggal ingandikan sang aprabu, sampun sowan ing ngarsa rama, sang prabu ngandika ririh alus amawa pudyastuti:
Sira nyawa, ingsun utus angupaya tumbal sarananing nagara, kang minăngka agawe raharjane kawulaningsun kabèh, [ka...]
--- 16 ---
[...bèh,] tuwin lêstariningsun angrênggani karaton ing Ngèksigănda. Iya iku si Mangir darbe tumbak wasiyat dhapur Baru Kuping, kacêtha ing riwayat dadi pusakaning narendra. Wus pinasthi karsaning Pangeran Kang Agung, sira, nini, kang lumaku lumawan ing prang, karana kang bisa anyirnakake sêsukêr mêmalaning galih ingsun ora ana manèh mung sira kang pinasthi bisa ngambil tumbak Ki Baru. Apa manèh sira wus tinêmtokake atêtêmon karo si Mangir, sayêkti dadi jatukramanira, nini, angèstokêna karsaning Pangeran Kang Maha Sukci. Jodho iku upamane pati, sanadyan lêta sagara gunung, tan kêna tinambak ing manungsa.
Sang dyah rêtna sarêng mirêng pangandikaning rama, kumêpyur ing galih tarataban, kabêlêd waspanipun carocosan, pangandikanipun: nora kayaa kangjêng rama, têka wong isih kênya kinon anêmpuh pakewuh, yèn misuwur iba ucaping janma liyan, mêsthi akèh kang ngèsêmi, dene ènthèng bobote, Sang Prabu Senapati Ngalaga darbe sumêlang nganti kênya di utus angrêmpak mungsuh. Nora luwih iku èsthining pakewuh, nanging upama ora
--- 17 ---
ngèstokake pituduhing rama, têmtu nêmu tulah sarik, awit wani angêlirake parentahe narendra, nata warananing pangeran, winantu sudarma miwah ratu, dadi ora kêna kapopo pisan-pisan, aja pêcak lara, sanadyan pêcada uripku ora bakal sun ingkêdi, bêgja cilaka wus padha atas panduming Hyang Kang Maha Sukci, karana wus tinulis ana ing lokil makpul, manungsa mung sadêrma anglakoni. Wusana sang dyah rêtna matur mlas asih ngèstokakên karsaning rama.
Sri narendra ngandika arum: dhuh,dhuh, putraningsun nini Pambayun, wus jamake wong dadi nata abot ènthèng mung dilakoni, anglakoni sapituduh, pituduhe pakaryan pasthi, pasthine kang riwayat, riwayate kang wus mashur, mashure supaya dadi, dadine mrih pikukuhing praja niti, tiniti puja măntra, wêkasane sira angèstokake sapituduhing rama, bangêt suka panarimaningsun, saka panggagas ingsun sira sasat mèlu angrewangi anjunjung kapraboningsun, awit saka sudra papa sira milu anglabuhi nganti nêmu wirya, iku wajibing putra mèlu lara [la...]
--- 18 ---
[...ra] lan suka, panas pêrih nurut sapituduhing yayah, wani tanggon, dhuh, anggèr, putraningsun, abot têmên wong dadi aji, tan ngetung anak kênya kinon nêmpuh sandining upaya, amung sira, nini, kang pintêr ngrêksa wangkonging bala. Ora liya ingsun pasrahake ing Gusti Allah kang sipat kadim baka, lakunira muga nêmua rahayu, di dohêna sakèhing sambekala, gonira anêmpuh pringganing bêbaya, kang bakal angêntas ing karya, jinurunga ingkang sinêdya. Ingkang putra pinêluk lungayanira. Benjang sira yèn wus panggih lan Ki Mangir, parsudinên saos marang ingsun, poma-poma aja nganti sakaron jiwa, yèn durung mêtu prasêtyane marang sira kang sanyata, yèn wus sanggup gêlêm sumiwi seba marang ingsun, iku turutana sakaron jiwa. Apa manèh wêkas ingsun marang sira, nini: aja lali, yèn kalimpe pucuking tumbak wasiyate, sabêtên pucuking kêmbênira.
Ingkang putra lajêng binisikan ing rama, purwa kadadeyaning tumbak: saka sakaron jiwa nalika pandhita gêntur tapane kêna panggodha marang endhange, sakêclapan campur pangèksi, karaos amirasa sumyah angganing sakloron [saklo...]
--- 19 ---
[...ron] ingkang salulut, tan antara endhang anggarbini, barêng wus tumêka ing sêmayanira, lair arupa taksaka dibya kang aran Baruklinthing. Nalika lair naga kaprênah ana ing sukuning wukir Mahendra, gunung Dira arane, tinutupan jêmbangan sawiji. Ibune isih martapa ana pucaking gunung. Dene sang pandhita nalika kêna panggodha apulang asmara, sakala linggar ngalih panggonan ana pucaking gunung Mêrapi, lawas-lawas sang naga saya gêdhe, molah ana sajroning jêmbangan mawa swara anggêgêtêri, ngakak wis bisa atata janma, upase sumêmbur : pêcah tutuping jêmbangan, sanalika dadi rawa. Sang Baruklinthing awas pandêlênge, pucaking gunung Dira ana janma wadon mêrtapa pinaranan, satêkane ing pratapan, sang sarpa takon marang pandhita wadon mau: sapa sudarmaningsun, lan arane sapa, sarta panggonane ngêndi. Pandhita wadon mangsuli: yèn sang naga atmajaning pandhita kang abêntur[3] kasutapane. Sang taksaka enggal lunga saka gunung Dira sumêja anggolèki kang ayoga, kèh wrêksa gung kabarubuh kêna prabawaning sarpa, tansah ngulati ora bisa katêmu. Ora suwe dêlêng pucaking
--- 20 ---
wukir kaèksi sujanma mêrtapa katon linggih anyikruk, sarpa nalosor sumêja katêmu marang sang tapa, sarta swara ngakak tutuk mêtu gêni wisa kumutug, sang naga nalika tutug pucaking wukir, takon marang kang tapa pitêkur.
Sang tapa ngandika arum: taksaka, apa sêdyanira marang gone wong tapa.
Ardawalika nabda: kawruhanamu, sang tapa, mulane aku têka ing ngarêpmu, salawase aku tumitah durung wêruh kang ayoga aku.
Sang tapa ririh sabdane: he. taksaka, sapa kang awèh wêruh marang sira, dene bisa têka ana ing pratapaningsun.
Naga mangsuli: mulane aku bisa têka ngarsane sang rêsi, si ibu kang awèh pituduh, yèn sudarmaku tapa ana pucaking wukir Marapi, mulane aku nuli munggah pucuking gunung, wusana katêmu sang pandhita, dadi sira nyata sudarmaku.
Sang rêsi mangsuli: ingsun dudu ramanira, sanadyan ingsun anak-anaka ora kok warna ardawalika, ingsun manungsa, yèn asêsuta mêsthi rupa janma manungsa, sira dudu anak ingsun.
--- 21 ---
Barêng sang naga tinampik pitakone, sanalika krodha yayah sinipi, pêthit ngadêg ing dirgantara anywara, mustaka ngadêg pindha kluwung swara ngakak anggêgêtêri, wisa mijil saka tutuk kumutug tibane lir garimis, sarpa sigra arsa anêmpuh sang tapa.
Sang pandhita nabda gugup: hèh taksaka naga, sarèhna ing krodhanira, ingsun darbe pasang giri, yèn sira wignya anglêkêri wukir iki kang nganti têmu gêlang, têgêse êndhas gathuk lan pêthit, iku cihnane putraningsun, kang iku yèn sira bisa dak aku putra kang sanyata.
Sang ardawalika enggal mêdhun sumêja anglêkêri sukuning wukir, nanging boya bisa têmu gêlang namung kurang sajangkah.
Sang rêsi ngandika: he, naga, kurang sathithik bae têmu gêlange, yèn ora bisa têmu gêlang ingsun ora bisa ngaku putra marang sira.
Naga enggal angèlètake ilate, waktu[4] ilat gathuk karo pêthit, sigra ilat pinancas ing badhama marang sang rêsi, ilat tugêl tigas pancing, rah sumêmbur sang naga pralaya, kang ilat enggal kajukuk marang sang rêsi, dimor
--- 22 ---
lan lading cinipta marang sang tapa. Ora suwe malih warna dadi tumbak, adhapur Baru Kuping: ingaranan Baru, tumbak mau dinokokake pucaking kayu gêdhe, yèn ana janma wêruh marang wujuding tumbak, sanalika katon rupa ula naga sumladhang ana pucaking kayu mau. Mung si Mangir kang olèh nugrahaning Pangeran, andêlêng kayu mau pucuke ana tumbak sumladhang, nuli kajukuk marang Mangir. Iku purwane tumbak mau. Awit ing jaman kuna nganti tumêkane jaman saiki, lêstari dadi wasiyate si Mangir.
Sang rêtna nalika mirêng pangandikanipun sang pamase, mangrêtos kagagas ing panggalih.
Sang nata ngandika malih: ingsun darma nabda, nini, mung kang ati-ati, tumbak mau luput janma têguh timbul, yèn katiban mêsthi lêbur, yèn amurih suda mandine tumbak, iki ajine.
Ingkang putra lajêng kawêjang aji kadigdayan kanuragan sarta panawaning upas mandi, panglêrêpaning duka, pangabaraning têguh, miwah sirêpaning tilêm, sampun anyakup sadaya wulangipun ingkang rama, sanadyan wanodya botên kewran pringganing rumpil, agal alus punjul ing apapak,
--- 23 ---
mrojol ing akêrêp, kaprawiranipun angungkuli satriya kakung, warni endah dados sêkaring kadhaton, angrasuk busana madya, sapleredan sampun botên mèmpêr kalamun putraning narendra kang amêngku nuswa Jawi, nanging yèn tiyang sujana kang ningali, utawi janma sarjana ing cipta, lan sampurna ing kawruh, mingit lir landhêping panah, sakêclapan tan samar ing paningal, kanyanan lamun putraning narendra, karana sênên gêbyaring pasuryan anglela wênês mêncorong mancur gumilang-gilang, praba anuksmèng sabuwana. Sinamurna sagunging janmi yêkti beda lan kang băngsa sudra, anglir lisah kalihan toya, nyata botên sagêd amor, amor uga dhatêng ing ngèlmi, gothanga salah satunggal amêsthi jagad suwung. Sasampuning busana sang dyah rêtna anyêlak ing ngarsa rama nata.
Sang prabu ngandika: wis ta, nini, mangkata tumuli, mumpung dina sangate bêcik, sira sun pasrahake Pangeran, slamêta salakunira, raharjaa kang kari, aja nganti sira kêna beka rêncana, sumawana punggawa lêlima ingsun puji rahayu ana paran, poma aywa pêpeka kang wignya ing
--- 24 ---
sandi upaya, puluh-puluh wus bêgjanira padha darbe ratu sudra, durung bisa kèringan sapêpadhaning manungsa, pirabara ing têmbe wuri arjaning jaman ingsun malês marang sira kabèh, tumêkaning akir. Mung saiki kang padha mêngku ing sisipe awak ingsun, poma aja grantês atinira, padha ingsun utus anglakoni prakara sandi upaya, anêmpuh lêlakon abot lan pakewuh, yèn nganti luput amêsthi andêrawasi.
Sang nata mèsêm, dene ingkang sami dipun andikani kapranan saking sabda sang aprabu, sami asru gumujêng kabêlêd mijil kang waspa.
Unjukipun: botên paja-paja abdi dalêm angajap ing sih pasihan paduka nata, botên kêkirangan sih kamirahan ingkang rumêntah dhumatêng abdi dalêm sadaya, kapundhi kaêmbun kacancang pucuking rema, dasih nalika awalipun sudra papa pinupu sang prabu, jinuju kados pêksi, dumuginipun ing sapunika, punapa ingkang kawula walêsakên ing paduka nata, amung bêdhahing kulit miwah tugêling jăngga kawula. Botên langkung pamujining abdi dalêm sadaya: [sada...]
--- 25 ---
[...ya:] ing siyang kalihan dalu lêstantuna kaabdèkakên sang prabu sapunika dumugi ing dêlahan, sang nata tulusa amêngku nuswa Jawi, pinanjangna ingkang yuswa, winantua karaharjaning tanah Jawi, jinurunga ing sakarsa, akanthi rênaning panggalih dalêm, kawula atur prasêta mring gusti, saupami ing Mangir botên sagêd bêdhah ingkang kalihan sarana alus, abdi dalêm kawula suka bingah cinacah-cacah dadosa sabiting-biting, kajèrèng kados rema ingkang pinara sèwu.
Sri narendra angandika: iya bangêt suka panarimaningsun, sapa atur katêmênanira marang ingsun, sang pamase kalihan rawat waspa.
Sang Adipati Măndraka angandika: ingsun angsung raharja sakabèhe, muga aja kêna sêsikuning Pangeran, jinurunga apa kang sinêja, olèha pangayubagyaning para sêpuh lan lêluhur kang wus padha sumare.
Sadaya punggawa matur wunun[5] kapundhi, enggal sami angabêkti ing sang nayaka waktra, Radèn Ajêng Pambayun sasampuning ngabêkti para sêpuh, sang nata anjurung pudyastuti katimbulakên ing putra, sang prabu paring ringgit sakanthong. Gamêlan [Gamê...]
--- 26 ---
[...lan] rêbab suling tuwin găngsa, bêlencong miwah gêndèr, Kyai Bicak kapundhut pan kinarya pratandhaning sandi, tinabuh mungêl angangkang ngumandhang ngungkung swara muluk ing dirgantara anglir kapirêng ing langit, katăndha kalamun badhe unggul ing jurit, ing Mangir mêsthi bêdhah. Kyai Bicak tumuntên kaparingakên pun Sardula saha sampun samêkta pakaryanipun, para punggawa ingkang anglampahi ayahan narendra kapatêdhan warni rajabrana lan arta, punggawa enggal bidhal kalihan samar anglugas raga.
Sang nata ngandika dhatêng Adipati Măndraka: hèh paman, tiyang Mataram ijêngandika dhawuhi sêdaya, kalihan undhang nagari, angupadosi putraningsun, nini putri kang sampun murca saking kadhaton, sintên tiyang kang sampun sagêd amanggihakên, amêsthi dados jatukramanipun.
Enggal Sang Adipati Măndraka undhang-undhang dhatêng para tiyang Mataram, sarta andhawuhi kapêtêngan samya kinèn anjampangi ingkang lumampah sandi. Budhal sagung para punggawa kang lampah dhêdhêmitan sampun dumugi ing samadyaning Sawodadi.
--- 27 ---
Kacariyos sang aprabu ingkang tansah manungku puja sêmèdi ngêningakên cipta, anêgês karsaning Pangeran Kang Murbèng Alam, pikantuk sasmitaning Pangeran jinurung ing sapanêdhanipun, katăndha mambêt gănda arum angambar.
Kocapa lampahipun Radèn Ajêng Pambayun, samargi-margi rawat waspa, awit kenging panasing srêngenge sakalangkung anggènipun aprungsang, wayang-wuyung sang dyah rêtna kang waspa carocosan dhawah pipi ingusapan, mangar-mangar katingalan saya endah warninipun, karana panasing surya sangêt, sang rêtna kèndêl angaup sangandhaping kajêng agêng, sumrah kasiliring angin, kumrasak swaraning kêkajêngan, gêgodhongan sami gogrog, anggadag gănda arum rumêsêp ing manah, sumrambah wêdaling cahya, riyo-riyo gêgodhongan labêt kajawahan, warnining kang sêsêkaran sumêdhêng gandanipun amrik awangi, wanginipun adamêl trênyuhing manah, manah ingkang nyênyadhang ing sih. Swaraning kukila anggèndèng manah, isthanipun kados angurmati. Kusuma kang nasak wana mirêng anglir ungêling gamêlan ing wêktu pathêt manyura, rinaos saya karaos andamêl ngêrêsing [ngêrê...]
--- 28 ---
[...sing] manah. Kang pêksi anucuk wowohan, kados atur pasêgah sang dyah rêtna: gusti, gusti, punika sêsêgah kawula kadamêl usadaning lêsu, supados sêgêr salira paduka. Sang rêtna sampun waskitha ing sêmu, sasmitanipun sakathahing kaga, pangèsthi sakalangkung kawuryan, sang dyah sangêt karênan aningali rarasing sêndhang, kinubêngan andong ijêm, kang sêkar sami manglung ing toya, toyanipun langkung bêning, rêsik asri endah, ilining tirta adamêl lam-laming manah, kang ulam katingalan cêtha sami pating saliwêr, kados angajap ing sih, sihira sang rêtna.
Sang dyah ayu angandika: hèh, ta, Nini Adisara, pijêtana sikil ingsun, ngêthok-bangêt.
Nyai Adisara enggal amêtêki, mawi rêngêng-rêngêng ngidung angimur sêkêling gusti adamêl dhanganing panggalih, kang galih anglir madu kentir, kentiripun agung pinuji, pinuji ing karaharjan, arjaning wong laku sandi, sandine sampun ngantos kajodheran, kajodheraning solah ungal, ungale dèn èstokakên, nugrahaning Allah Kang Kuwasa, kuwasane kasamun, samune kang olih sih,
--- 29 ---
êsihing prana mulat, anrusing kang sêja apti, aptining nanggap kyai dhalang, Sandiguna mèsêm angling, klayu rêngêng-rêngêng ngidung, pangidunge miyak puji: he, Gusti Kang Maha Mulya, kang sipat Samingun Basir, kang saèstu botên kasamaran, sasolah-tingkahing kawulanipun, saking panêdha kawula, he, Allah ingkang mugi-mugi, angganjar wilujêng, wilujênging kawula kang nandhang kawêlas asih, sih parimarma ing ratu kawula, ginampilna ingkang sinêdya.
Wontên malih kancanipun, anama pun Sandisasmita rêrêpènipun pinuja măntra: he, Nabi amba kang waskitha, anggêlar tataning sarak, ingkang ngrêngga sakathahing ngèlmi, nguyuni jagad sadaya, angèstokakên wasesaning Allah, saha ingkang amêngku kodrat iradating Pangeran kang Maha Sukci, ingakên kaanan tunggal, amurbani warni-warni, kawula anuwun sih, lêstantuna ing salampah, anggèn kawula kautus gusti, punapadene gusti kawula, kadugèna ingkang sinêdya.
Wontên malih kancanipun anama Sandiupaya, angrêrêpi, rêpènipun pangèstu, pangèstunipun sinawung pêpuji,
--- 30 ---
ingkang pinuji Walisanga, kang winênang animbangi adêgipun agama Islam, dipun èstokakên dumugi sapunika, êkas anggayuh têdhasipun ingkang ngèlmu, sagungipun para wali ingkang sampun waskitha ing gêsangipun, kawula nyuwun lilah anglilani dhatêng tiyang angumbara lumampah ingutus gusti, mugi linêpatna ing sêsiku, sêsikuning lair batin, jinurunga ingkang sinêdya, sasêdyane lampah sandi, sandine karsa sang prabu.
Wontên kancanipun malih anama Saradipa, kêpengin ngidung rêrêpi, rêrêpènipun nalăngsa amêminta dhatêng sakathahing para mukmin, ingkang sampun sampurna pangulahing kawruh, kawruh mangèsthi wujuding urip, uripe istiyar mashur, sarengat tataning bumi, bumi ing kene ana, pinaringan kamurahan sihing Pangeran, pinuji-pinuja măntra sinuwun pangèstuning sih, sih dhatêng janma kang andon lumampah ing siyang dalu labêt anglampahi ayahan narendra utama kang mangku nagari Mataram, kadugèna ingkang kinarsan, pinanjangna ingkang yuswa dening Allahu Tangala.
Wontên malih rencangipun ingkang wasta Saradula, angidung nênuwun [nê...]
--- 31 ---
[...nuwun] kamirahan sih, dhatêng sakathahing nata ingkang sampun sumare ing nuswa Jawi, kawula nyuwun ingkang barkah pangèstu, dhatêng janma ingkang tansah anandhang susah, pikantuk kang pangayubagyanipun para ingkang sumare, gusti kawula kangjêng Senapati, sampun ngantos nandhang sangsaya, sangsayaning kabur kabuncang maruta dhawah têlêng samodra.
Kocap sang rêtna salêbêting galih mèsêm amiyarsa, tumuntên tindak andumugèkakên ingkang sinêdya angèstokakên timbalanipun ingkang rama nata, arêreyongan lampahipun ing margi, labêting priyagung putri, rêmbên anggènipun lumampah, sakêdhap-sakêdhap kèndêl ngaso, dados tontonan samargi-margi, jalêr èstri sami aningali, sarta kasmaran kaworan ing sih, asihipun sinambi wacana, ki dhalang lamun marêngi, anyipênga griya kula, wontêna kalih dalu kemawon, kula sakêlangkung wêlas dhatêng putra andika, kyai, sakalihan rencang paduka. Kaping kalihipun mangke dalu badhe kula tanggap angringgit wontên ing griya kula, awit kula badhe brêsih dhusun.
--- 32 ---
Dhalang Sandiguna amangsuli: lah, kakang, kula sumăngga, griyane si kakang pundi, lan sintên nama andika sarta wastaning dhusun pundi.
Tiyang ingkang badhe nanggap amangsuli: nama kula karan anak Pak Mugiya, Darpawăngsa nama kula ingkang lêrês, dhusun kula wasta ing Mlarang ingkang katingal punika.
Dhalang Sandiguna anututi, bidhal sakancanipun, ing dalu sampun angringgit tinonton ing tiyang kathah, ingkang sami aningali sakalangkung sukarênanipun, kawartos dhalang nagari, laris anggènipun ambarang ngringgit, lêt sêdalu kalih dalu ki dhalang ingundang tiyang katanggap angringgit, ing mangke sampun kajuwara ki dhalang darbe anak èstri, sakalangkung endah warninipun, sumorot ing cahya ngasorakên rêmbulan.
Kacariyos samantên lajêng katur dhatêng Kyai Agêng Mangir, ki dhalang enggal katimbalan, awit kapencut saking dêrêsing pawartos, dhatêng sang dyah anakipun kaki dhalang. Ki dhalang sampun sowan dhatêng griyanipun Kyai Agêng, pinanggihan wontên ing pandhapa, Kyai Agêng wicantên alon, [a...]
--- 33 ---
[...lon,] sinamudana kalihan ulat manis sumrah, sumrambah amikantuki dhatêng ciptaning sih. Dhalang Sandiguna matur nuwun.
Kyai Agêng wicantên malih: kakang dhalang, andika niku sintên kang sinambat nama, lan pundi asal bale griya andika.
Ki dhalang matur angêsorakên raga: nuwun, nama kula ingkang sudi nyêbut pun Sandiguna, asli kula saking Kadhiri, dhèrèk gusti kala rumiyin, jêjuluk Radèn Adipati Senapati Bupati ing Kadhiri, suwita sang aprabu Senapati Ing Ngalaga narendra ing Mataram, ing sapunika sampun seda, kapupu wontên samadyaning paprangan, prang sampyuh kalihan pun Pêsagi, mila kula manggèn griya ing Mataram, sarêng sampun seda senapati Kadhiri, kula nuwun suwita sang prabu, nanging nata dahat botên karsa angabdèkakên, namung kula kinon mantuk dhatêng ing Kadhiri, kula inggih sumêdya wangsul dhatêng Daha, nanging sakalangkung gawat ingkang margi, prayagung Bangwetan sami baris badhe anggêpuk ing Mataram, kaping kalihipun kapambêng botên gadhah sangu prabeyaning lumampah, badhe aminta sih priyantun [priya...]
--- 34 ---
[...ntun] nagari sakalangkung anggèn kula wirang, awit sadaya sampun sami sumêrêp dhatêng kula sagotra, satêmah kula pilaur ambêbarang ringgit, dhumatêng tanah dhusun ing ngadhusun ingkang dèrèng nate sêsawrungan kalihan kula. Saupami sampuna paduka, kyai, ing saèstu kula botên matur sawêca. Sakalangkung awrat tiyang katilar ing gusti, kuwalêdan gung katrêsnan.
Kyai Agêng langkung wêlas ngantos mèh kawêdal ingkang luh, wasana sinamur ing pangandikan:
Kakang dhalang, kula nêdha pandamêlan andika ngringgit wontên ing griya kula.
Dhalang Sandiguna matur sandika anglampahi.
Kacariyos sampun dalu, ing pringgitan anata ringgit kapanggung ingkang anggêndèr Nyai Adisara, dene sang Dyah Ayu linggih wontên ing sawingkingipun ki dhalang, saèmpêr anak piyambak, dene ingkang nabuh kêmpul pun Sandiupaya, pangêndhangipun Saradipa, Sandisasmita ingkang amucuki. Sasampunipun dipun pucuki, Sandisasmita nuntên nyuling, angrangkêp lan pangrêbabipun, kang nabuh kênong Saradula, [Saradu...]
--- 35 ---
[...la,] sakawit mungêl gêndhing Gambirsawit, pantês mawi laras pathêt sanga, mukêt anglênyêt muyêg arum amanis, sasampuning anguyu-uyu kasuwuk, tumuntên dhalang Sandiguna angringgit lampahanipun Pakukuhan, suluk tandukipun pantês, cariyosipun cêtha trampil ing pangringgitipun, dhawah larasing gêndhing wiramanipun aruntut botên wontên ingkang barênjul sakêdhik, rêbabipun kumrampyang angarang, suling dumêling mêlingi, gêndèr tansah ngêpinjal, kêmpulipun anggêmak mungêl, kêndhang tinabuh gilig, kênong gong grêndêm kamirêng, cumèplês dhawahing wirama, panabuhipun ukur lirih, supados cariyosipun ki dhalang botên kasilêp ing gêndhing, nyamlêng rumêngêng kapiyarsa, dene larase ingkang gêndhing: laras nênêm jêjêr katiga praptèng gara-gara gumantos, sirêp kèndêl ingkang laras sanga, suda sapathêt adamêl trênyuh, praptèng jêjêr gandrung-gandrung, larasipun ingkang gumantos manyura ngantos dumugi enjing, suda sapathêt ngrêsêpakên tumrapipun tiyang amarsudi sastra, laras nênêm ugi upami, anglir janma karênan ngidung, laras sanga sampun kados sumêrêp têgêsing [têgê...]
--- 36 ---
[...sing] kang kawruh, laras manyura upami putus têmbung kawi sampurna ing jarwanipun, mrêsêp tumraping rasa adi.
Kacariyos sakathahipun kang ningali, warni-warni ingkang dipun rêmêni, wontên rêmên aningali ringgit lampahanipun sakalangkung rame katingalan, sêmbada dhalangipun wasis, kêbat cukat anggènipun narungakên ringgit gandhês pantês trampil, kêprakipun tosan kumrampyang, kumrêcêg mungêl ririh, sirêping gêndhing gêndèr munya binarung suluk dumêling, mêmês anglênyêt manis arum, rumêsêp amiguna sih, kênyame luwês mêrak manah, utawi wontên ingkang rêmên mirêng ungêling gêndhing anganyut manah, awit niyaganipun sami baud-baud, miwah niyaganipun bagus-bagus lan anjlagêdhag sami prawira, sadaya sami pinunjul panabuhipun găngsa rampak runtut swara amuyêg.
Kocap Kyai Agêng Mangir lênggah wontên pandhapa, ingkang dipun tingali namung anakipun ki dhalang, warninipun sakalangkung ayu, badan sêmbada, kulit kuning anêmu giring, polatan sumèh sêmu luruh trus jatmika rumêsêp ing manah, netranipun liyêp malatkung, manawi angandika swara rênyah manis arum,
--- 37 ---
sumrambah amikat ing sih, jutining adamêl kasmaran, mrêkêtês gandês amêrak manah, tansah adamêl sakit gandrung wong ayu kang cêlak ngringgit, liringipun anglir kilat thathit, gêbyaring waja duk kèngis sasat kartika aliyan, sumawur amilangoni, amung sakêdhik kirang bêsus pratăndha maksih kênya adi nanging sampun kawuryan ujwalaning tiyang ayu botên bosêni. Wusana Kyai Agêng Mangir ing galih kagiwang dhatêng kang nglugas raga, ngênglêng nglêsah kang jiwa pyuh, balung kados dèn lolosi marlupa lêmês tan sagêd angglawat, kenging sawan prabawanipun putri utama, anglir linêlês sajroning kang cipta, kang manah saya kalangkung rongèh, kêkêtêgipun asalang tunjang, rêbut ducung pating saruwing, kados pêdhot ingkang jêjantung kasabêt liringing kang mindha rupa, gumyur kang panon ing rat, liwung ing cipta nirdeya, atatas rantas kabuntas ajur mumur rontang-ranting. Samantên pangringgitipun ki dhalang sampun atancêp kayon lajêng bibar.
Kacariyos sasampuning bibar, ki dhalang ingundang Ki Agêng Mangir dhatêng ing pandhapa, saking karsanipun Kyai Agêng Mangir
--- 38 ---
badhe kasukanan têdha lan busana sarta arta, tigang dasa reyal kathahipun, punapa malih dipun ajak kêmbul nêdha. Kyai Agêng kanyana ing tingal, anggènipun angêmpèk-êmpèk karsa mring ki dhalang rumakêt asih trêsnanipun.
Wusana arum wacana: kakang dhalang, kula takèn mugi sawêcaa, ing sayêktosipun, lare èstri ingkang linggih wontên sawingking andika punika, kaprênah punapa andika.
Dhalang matur: sajatosipun anak kula piyambak, duk maksih sugêng sang Senapati, anak kula punika anggènipun lair wontên praja Kadhiri.
Kyai Agêng Mangir wicantên malih: walèh-walèh punapa, kakang Sandiguna, anak dika punika punapa taksih prawan punapa sampun emah-emah.
Dhalang matur: nuwun, Kyai Agêng taksih prawan sayêktos, dèrèng wontên ingkang dados sênênging manahipun, ugi ing ngajêng sampun kathah ingkang anglamar dhumatêng anak kula punika, nanging anak kula, kula tantun tansah botên purun anambut titahing sêsemahan, wangsulanipun taksih rêmên lamban amomong salira kemawon, kula
--- 39 ---
botên sagêd mêksa jalaran anak namung satunggil, mila tansah kula êmong sampun ngantos pinggêd manahipun.
Kyai Mangir wicantên ririh: yèn andadosakên condhonging manahipun kakang, anak andika kakang, kula têdha dadosa jodho kula ing salami-lamininipun, lêstantuna pun kakang dadosa tiyang sêpuh kula awal dumugining akir.
Dhalang Sandiguna matur dhêku: manawi paduka, kyai, sudi mupu anakipun tiyang sudra papa, anglêmbara botên darbe bale griya nuwun-nuwun sumăngga angaturakên asta kêkalih, samantên wau bilih lare purun anglampahi, manawi botên purun mugi sampun ngantos anuwuhakên panggalih duka, awit lare pugal miwah ugungan, karana kula dama mêskin anak, manawi purun anglampahi paduka pundhut garwa, mugi sampun kirang ing pamêngku, lare cubluk miwah bêrkunung saha alêman.
Kyai Mangir wicantên swara arum amanis : dhuh, kakang dhalang, sampun angwontênakên wancak manah, apitadosa
--- 40 ---
dhatêng kula, badhe kula êmong salami-laminipun, kakang sakancane têtêpa manggèn griya wontên Mangir, dadosa pêpundhèn kula.
Sandiguna matur: nuwun-nuwun Kyai Agêng, sakalangkung pamundhi kula, kaêmbun dhawuh pangandikanipun paduka kyai.
Kacariyos kala samantên sang dyah rêtna ingkang lampah sandi upaya sampun pikantuk margi gampil, malêbêt ing dalêm agêng pêpanggihan kalihan kang tansah anggung kasmaran, sakalangkung boga drawina. Dhalang Sandiguna angringgit malih lampahan Suwarga Bandhang, nalika Wara Srikandhi dados ringgit wontên nagari Ngalêngka. Kacariyos Kyai Agêng Mangir sampun apêpanggihan kalihan sang dyah rêtna wontên ing pasarean jinêm arum, Kyai Mangir tansah atur pangungrum angasih-asih minta wêdharing sari, sang rêtna kêkah botên purun anglagati[6], satêmah risak asungkawa ing galih, netra dêrês wêdaling waspa, lênggah prayitna ing pakèwêd, pakèwêd ingkang badhe anêmpuh.
Kyai Agêng wacana ririh arum, rumêsêp anggènipun [anggènipu...]
--- 41 ---
[...n] aminta sih, angimur raras wirama, pantês luwês angrêrêpa ngasih-asih:
Dhuh, mas gusti, gusti ingkang pinuju brănta, brantanipun ingkang abdi, sajati musthikaning arum, rumasuk angganing gusti, sakathahing sarkara padma manise manuksmèng lathi, sêdhêpe akarya wigêna, jangkêp wicalanipun sae, saenipun kalangkung-langkung kadya murca dipun kêdhèpakên, kêdhèping karya panggèndèng, panggèndèng manah kingkin, kingkining nuksmèng sang ayu kang asawang gêbyaring kartika, kartika jiwaning dasih, punapa kang dadya rêngu, dene tansah angêmu sungkawa datan arsa nyarwe sabda, punapa kang dados panggalih. Dhuh, gusti jiwaning dasih, paran baya botên wêlas dhatêng kawulanipun ingkang tansah anggung kingkin, pari kudu jiwa kawula wanuh lan kang pindha ratih, wênangna campur ing sabda. Dhuh, anggèr, manira punika, kabyatan asmara gandrung, tan sagêd nêdha lan tilêm, wiwitaning cacad saking kayungyun, nalika paduka lênggah nyêlak dhatêng kang angringgit, wuryaning kiswa katuju, dhuh, gusti ngênglêng umiyat, anglir rinujit raosing tyas, tatas rantas pating sluwir, [slu...]
--- 42 ---
[...wir,] sadèrèngipun paduka rawuh, raosing manah kadya upami taru gring kamitigan, kapraban bêntèring surya dahat anggènipun prungsang, sarêng ing mangke sampun pêpanggihan, kados kabanjiran sarkara, kajugrugan wukir sari, sumrah enggaring pangèsthi, anglir kadhawahan toya gêsang.
Kocapa sang dyah rêtna nabda sêrêt sarta angusapi kang waspa: Kyai Agêng, mugi sampun dadosakên kagèting panggalih, kula punika sajatosipun dede anakipun ki dhalang, sayêktosipun putraning narendra ingkang amêngku nagari Mataram, marginipun kula kesah, katantun ing rama nata kinèn anambut titahing akrama, kula mopo botên kadugi anglampahi, wusana kangjêng rama bêndu yayah sinipi, kula pilaur pêjah anglampahana palakrama. Enggal kula lolos saking kadhaton, anglangut badhe ngumbara, nalika kula dumugi satêngahing wanawasa, tumuntên kula dipun pêndhêt anak kalihan Dhalang Sandiguna, raosing manah kula anglir taru kang kentir ing toya, kentar tambuh ingkang sinêja, satêmah dumugi ing ngarsa paduka. Ing sapunika paduka pundhut kinarsakakên [kinarsa...]
--- 43 ---
[...kakên] garwa, kula datan lênggana, sarèhning kangjêng rama botên angwuningani, kalamun saèstu paduka sudi mupu dhatêng tiyang kawêlas asih, saking panuwun kula, paduka kyai sagêda sowan dhatêng kangjêng rama prabu ing Mataram, bilih paduka karsa nyagahi saking paminta kula, matur sayêktos kula sumăngga andhèrèk ing sakarsa paduka, kyai, sakit dumugining pêjah, jiwa kawula kados sarah wontên samodra, sakarsa-karsa paduka sayêktos kula ladosi. Lamun paduka datan karsa ngabêkti nata Mataram, kula dahat lênggana kinarsanan dados krama, sampun ingkang nama sakit sanadyan dumugining pêjah badhe kula andhêmi, ajrih duraka ing Hyang Agung tuwin tulah sariking sudarma. Ananging pangraos kula manawi kangjêng rama wuninga, kagungan putra mantu ing paduka, kula dugi andamêl suka pirênaning galihipun, sabab rumiyin tinantun krama mopo, wusana ing sapunika kula purun anglampahi krama, iba-iba suka bingahing kangjêng rama aji, narendra ing Mataram,
Kacariyos sarêng Kyai Mangir mirêng atur pratelanipun [pratelanipu...]
--- 44 ---
[...n] sang dyah rêtna, sakala sêkêl ing galih, ciptaning Kyai Agêng:
Kapriye wusanane, karana aku iki kalane biyèn, ora angidhêp marang Mataram, iba dukane sang prabu, jalaran aku kaanggêp satru bêbuyutan, sakabèhing wong nuswa Jawa wus sumuyud sumiwi marang narendra ing Mataram, amung kari awakku dhewe kang tan nêdya kabawah mung anurut lêlakon jaman kala ing kunane wong ora seba, awit ing karaton Pajang tumêkane Mataram iki, karana wis padha ubaya ora sudi têluk marang Mataram, mogok ora nurut marang nata, awit aku wani tandhing jurit karo sang Senapati, ngandêlake pusakaku tumbak Kyai Baru Kuping, dene sapa kang kêlar nadhahi iya dak èstokake dhawuhe, lan aku gêlêm seba sarta angabêkti. Hla, saiki upama aku suwita marang Mataram, karana kagèndèng saka putrane putri wis dadi jatukramaku, iya yèn sang prabu karsa angabdèkake ngukup marang aku, kasêbut dadi mantu narendra. Yèn mangkono luwih
--- 45 ---
prayoga, ora nana kang andadèkake sumêlang, gonku suwita marang sang nata. Balik lamun datan arsa ngukup anganggêp marang aku, wêkasan aku nêmu kasangsayan nêmahi pralaya, jêr aku iki ngibarate karo nata Mataram, pêpadhane panjang pêcah wastra bêdhah, didondomana iya isih katon galigir, tuwin diancura lapis têlu iya isih katara. Yèn dak rasakake saka purwane amêsthi isih rêmpu, nanging ana prayogane yèn sang rêtna tulus dadi garwaku, anggêr pamomongku bisa anyratèni samubarange, sarta sang retna dak purih nuwun sih kamurahaning sang prabu paring pangaksama, mêsthi kaparêng paring sih marang aku, jêr mantu iku lamun wignya angêmong marang putrane, dadi dianggêp si mantu kaya putrane pribadi, anglêngkara panjênêngan narendra karsa amasesa matèni putra mantu kang gagah prakosa, pêpadhane matèni putrane dhewe, saka dosa wus kadaluwarsa, mêngkono salokane wong kuna-kuna.
Kacariyos Kyai Agêng Mangir, matur sang dyah rêtna, angrêrêpa arum wêdaling wacana:
--- 46 ---
Dhuh, gusti, kang amindha apsari ing swarga, pêpujaning kang dasih kang tansah abrănta kingkin, gusti, mugi-mugi sampun anggalih wancak, bilih makatên sakarsa paduka, gusti, kula nama bêgja agêng kadhawahan daru pikantuk putri jimat têtungguling apsari manggih putrining narendra, dhasar warni endah linangkung, cipta kula suka-sukur mênggah ing gusti ingkang Maha Sukci, kula pikantuk jimat sayêktos, têtungguling kanugrahan, botên langkung panuwun kula ing paduka, gusti, aparinga usadaning brănta kingkin, amariksaa tiyang ingkang kawêlas asih, punapa ing pangrèh paduka kula nurut angèstokakên, dhèrèk dhatêng praja Mataram, sowan angabêkti sri narendra Senapati Ngalaga.
Kocap Sang Dyah Rêtna Pambayun sarêng amiyarsa wangsulanipun Kyai Agêng Wanabaya, sakalangkung dahat lêjar sirna sêkêling panggalih, katawis kilating liring, liringing kang angalap ing sih, dilalah karsaning Allah, kasarêngan mangsanipun, saya wiyar jajahan karaton ing Mataram, karana Kyai Mangir kenging panggodha rêncananing eblis lanat, jalaran [jalar...]
--- 47 ---
[...an] kagiwang kasmaran ing sang dyah. Sang dyah kang tansah amulut ing sih, sampun kabêkta panggèndènging wanodya, nyirnakakên wêwekaning manah, nyirnakakên lampah surti, kasujananipun lêpat, kongsul sulanging nalar, nalare mung angrêmbug putri ayu, ati sumpêg buntêt pêtêt sirna kang budi, kasujananing sirna das, labête wong kurang nalar, liwung lali kang bakal ambêbayani, purwa madya wusana ora kaèsthi, amung angèsthi têlênging branti. Kyai Agêng Mangir wau, lantaran ing ngajêng nanggap ringgit, ringgitipun wisa utama. Blencong mati sang dhalang amakan tuan, mila ing atasing sujana, lêlampahan tansah angatos-atos, samukawis kawruh ingkang alus utawi agal dipun sumêrêpi sampun ngantos kaduwung ing têmbe, punapa malih sampun ngantos kados Kyai Agêng Mangir, labêt saking kirang kêkumpulan, dados kirang lêpas panggraitanipun, namung watak groboh, kasar satêmah bawur, bawure dados kuwur katiwar, katiwar-katawur katali, wujude wong: pikire anglir watu kumalasa. Kyai Mangir duk aningali cumlorotipun prabaning sang rêtna, [rê...]
--- 48 ---
[...tna,] kabina saking gêbyaring kang wadana. Alon matur angrêrêpa:
Dhuh, dhuh, gusti têtungguling wanodya, kang saèstu aruming sari, ingkang sawang purnama sada manglela mancur dumêling, dhasar ayu sêmbada putra narendra, narendra ing nuswa Jawi, Jawaning paduka gusti, gusti kang pinujamăntra, dhatêng abdi kang manggung kaswasih, sihing gusti kapundhi, sinêmangkara mawèh gandrung, tulusa kang dasih angèstupada, ing awal dumugi akir, botên langkung namung anyuwun sih kamirahan paduka.
Pinêgat rêngganing gita pêgating akaron sih, wêlèh lamun jinarwanakna sarèhning sampun sami angalami, pangulah pudyèng raras kung, Kyai Agêng Mangir samantên sabakdaning akaron sih, lajêng sare angumbakarna datan angalisik, sang kusuma sadèrèng sasampunipun tansah prayitna, sarta waspada ing tingal dhatêng waos ingkang wontên sacêlakipun pasarean, kawistara saking adining ulês sarta palangkanipun, sampun mêsthi punika pusaka gêng ing Mangir, ingkang kasêbut nama: Baru Kuping.
--- 49 ---
Sang dyah rêtna yitna ing dalêm batos, mirsa Kyai Agêng Mangir eca anggènipun nendra, wusana lajêng enggal mêdhun saking pasarean aririh, ngèstokakên wêlinging rama sadaya sampun kalampahan, tumuntên nyêpêng Kyai Baru Kuping, kaunus warangkanipun lajêng dipun sabêt pucuking kasêmêkan kaping tiga botên ambêgan kalihan dipun mantrani, Kyai Baru sru anywara angakak anglir taksaka, yèn mênggaha manungsa sêdya anêmpuh sang rêtna, sarèhning sampun kataman puja mantranipun sang rêtna sirêp ing pangakakipun, Ki Baru sampun kawangsulakên ing prênah, sang dyah rêtna enggal nusul anendra. Ing dalu botên kacariyos, byar gagat rahina surya malêthèk amadhangi jagad raya, sang kalih dhatêng bèji sampun anggagănda sami, sami atata lênggah ingayap kang para kênya, bojoning bêkêl sami angladosi, Kyai Agêng Mangir sampun bingar lêga manahipun, awit sampun kadugèn ing karsanipun, sampun botên andarbèni wancak galih, karsanipun sampun karancang kabudidayan, dhatêng sang dyah kang apindha ratih ing tejămaya. Sinamun mêksa kawêntar pasuryaning [pa...]
--- 50 ---
[...suryaning] tiyang enggar ing panggalih. Nyai Adisara botên têbih ingkang tansah nandukakên têmbung, têmbungipun angunggar brănta, kyai agêng sangsaya supe sih kaprênèsan kang manah anggung alêman, kêmrisik rada kagètan.
Kyai Agêng umatur aris dhatêng sang kusumaning kadhaton: lah, kantuna, gusti, dasihipun badhe kapanggih kalihan pun Sandiguna, dhatêng ing pandhapa sakêdhap, sasampuning sang ayu anayogyani, ki agêng enggal kêpanggih Ki Dhalang Sandiguna.
Kyai Agêng Mangir ngandika: kakang dhalang, ing ngajêng lare èstri kang sampun kula pêndhêt garwa, jêngandika akên anak piyambak, sapunika ingkang lêrês kados pundi, punapa anak sayêktos punapa pupon.
Sandiguna anggarjita ing galih ing manah sampun anyakêp, bilih sang rêtna sampun sajarwa ing purwa wusananipun, dumados ki dhalang anêrusi kemawon, matur sayêktosipun: kyai agêng, anak anggèn kula manggih wontên samadyaning wanapringga, sang rêtna sawêg amêrtapa, enggal kula takèni nama asal kamulanipun, botên sawêca ingkang ayoga, [a...]
--- 51 ---
[...yoga,] ngakên lola lalu botên darbe kadang warga, bapa biyung sampun ajal, kula tantun kula pêndhêt anak, lare èstri purun.
Kyai Agêng mèsêm salêbêting manah kacakra dhalang matur balaka, ing galih langkung bingah amarwata suta.
Kyai Agêng ngandika malih: ing samangke sang rêtna sampun sawêca, kakang, dhumatêng kula, ngakên putranipun sang prabu Senapati Ngalaga ing Mataram.
Dhalang Sandiguna matur, api-api sakalangkung kagèt jumbul ngantos mingsêr saking kalênggahanipun, gêgêtun amanthuk-manthuk, groyok wêdaling wacana: dados pun rara punika, kyai, putrinipun kangjêng Senapati Ngalaga, saiba suka bingah paduka.
Kyai Agêng Mangir nyablèk wêntis, sarta nabda: inggih, kaping catur: inggih, inggih, inggih, inggih.
Sandiguna angrojongi sakănca niyaga sadaya, angubyungi suka bingah, bingahipun angrogoh rêmpêla.
Kyai Agêng Mangir wacana asru: kagawokan manah kula, dhatêng andika, kakang, têka sakêdhik botên wuninga.
--- 52 ---
Sandiguna awacana: inggih kula kok botên sumêrêp măngka punika gusti bêndara kula, sampun lami anggèn kula ngakên anak têka kêkêt rapêt tan sajarwa, bilih kula takèni, ngakên turuning tiyang sudra papa angumbara. Kala rumiyin saupami kula sumêrêp bilih putranipun sang nata, saèstu botên kula pêndhêt anak lajêng kemawon kula saosakên paduka, kyai. Mila warninipun ayu linangkung, tiyang têdhak kusuma wijiling amaratapa, anglir murca kinêdhèpakên sajagad tan angsal timbangan mung sang rêtna kang dadya têtungguling wanodya, sêsotyaning jagad raya, kumaraning adiluwih kanugrahaning buwana, tan awis dipun tohi pêjah, jêjêripun amung kyai kang abêgja kamayangan angumbuk-umbuk amanggih putri nêrpati pinuja ratu-ratuning ratih, upaminipun anglir manggih sêsotyagêng saarga, saupami dipun suwuna dèrèng tartamtu yèn parêng, paribasan tiyang wontên griya lênguk-lênguk manggih arta salêksa kampil isi ukon ringgit kancana sadaya, dhatêng sawah nêmu mirah, mirahipun sakêndhi-kêndhi, matun gaga kabêgjan manggih sang rêtna, rêtna ingkang ajinipun kathah.
--- 53 ---
Kyai Agêng Mangir wacana aris: duk andika upamakakên kula manggih sêsotya sawukir, punika, kakang, taksih sakêdhik upamining manah kula manggih retna nêm arga kang sami rêdi Marapi, punika dèrèng timbang kalihan sang dyah rêtna.
Dhalang Sandiguna mèsêm ing wardaya, kalihan sinambi nginang, sinamun lampah sandi.
Kyai Agêng Mangir saya suka gumujêng latah, gumujêng winor wacana: kakang, lamun sami condhong ing pamanggih, kula badhe sowan dhatêng narendra ing Mataram anyaosakên sang dyah rêtna, manawi karsa angabdèkakên jasad kula, punapa malih lamun arsa nganggêp mantu dhatêng badan kula, saha kula badhe nyêmbah angaras sampeyan sang prabu.
Sandiguna matur kalihan muji manadukara: mênggah saking pamanggih kula, kyai, sampun anêmtokakên sakalangkung dahat sukarêna amarêngi, sang nata kagungan putra mantu ingkang kados paduka, kyai. Saupami nampika darbe mantu paduka, angupadosi salumahing nuswa Jawi ingkang kados paduka, tiyang guna sêkti tanpa timbang măngsa [măng...]
--- 54 ---
[...sa] wontên, saha têdhaking atapa. Karana kula mirêng têmbang rawat-rawat titir pinajarakên janma, ujaring para sujanma, sang nata langkung ngudi ngupaya mantu ingkang bagus sarta ingkang gagah prakosa ingkang sagêd anggêntosi pakaryan praja.
Kyai Agêng ing galih saya mongkog asuka sangêt nalika miyarsa pambatangipun dhalang Sandiguna, Kyai Agêng tumuntên mundhut tadhahan pasugatanipun amêpêki, Sandiguna sakancanipun sami kêmbul dipun ajak nêdha kalihan Ki Agêng Mangir saha suka-suka, sinambi ngabên liring sarwi wicantênan wicara runtut alus angrêsêpakên. Wasesanipun sang senapati: mêdhang gusi botên kenging lambenipun. Nyata ratu santya budyaswarjana raja dimurti, sabda rum gănda ngambar ing kasturi, kongas paribawa sih, sadayaning nagari têluk sumuyud angèstupada, kagunaning agal rêmpit palaguna ing tyas tuhu musthikaning jagad. Pinuja-puja ing balatăntra sami angalêmbana sadaya misuhur kramating sang nata murba mrabani mêmanis awas adhêping kang puji, sumungkêm marang Pangeran Kang Maha Sukci, dibya tan ana kang nimbangi, sidik ing pêngarah ririh, sajagad rat [ra...]
--- 55 ---
[...t] pusaka nagri Mataram. Maharjèng budya nalimpat luhur mulya raharja ing sih, andum puji angrabasèng dyah winayang gănda amrik anêlas abra linangkung, găndaning sang nata anrus nêrus ing triloka, mêmuja kridhaning kautaman ambêk purun mêmikat ing sih, wijayèng tyas wara nung kyat murti ningrat.
Kacariyos ingkang sawêg kêmbul dhahar, sasampunipun lajêng linorotakên.
Kyai Mangir ngandika malih: kakang, lamun condhong prayogi sami mangkat dhatêng praja Mataram.
Ki Dhalang Sandiguna matur: inggih langkung prayogi, kula sakănca sami andhèrèkakên tindak paduka, kyai.
Sasampuning aluwaran Kyai Agêng undhang dhatêng abdi sakulawăngsa ênèm sêpuh sadaya sami kinêrig ingkang bêkta upacara botên kantun tandhu, kapal tuwin rêrêmbatan bulu bêkti ingkang badhe katur sang nata, sang dyah rêtna jinajaran bêkêl dhusun sami amandhi waos ligan. Sadaya sampun rinakit.
Kocapa malih dhalang Sandiguna, agunêm rêmbag kalihan [kali...]
--- 56 ---
[...han] ingkang rayi, pun Saradipa lan Ki Bocor kinèn lumampah gêgancaran dhatêng Mataram lapur angunjuki wuninga kalihan lampah anyamar, angrumiyini lampahipun kalihan Kyai Agêng. Botên kacariyos wontên ing margi gagat rahina surya malêthèk dumugi ing Mataram lajêng malêbêt ing kadhaton sampun sowan ing ngabyantara narendra, ingawe kalihipun.
Punggawa kêkalih sumungkêm ing kisma saha angaras dalamakan sang nata enggal matur: kawula nuwun gusti sang prabu, abdi dalêm tiyang kalih dipun kèngkèn abdi dalêm pun kakang Adipati Martalaya, ingkang sapisan anyaosakên ingkang sêmbah, kaping kalihipun bilih lampahipun abdi dalêm pun kakang adipati angsal damêl pun Mangir prasasat sampun kêcêpêng ing asta dalêm ing wisaya upayaning sandi, saking puji pangèstu dalêm pikantuk margi gampil. Lêlampahan lajêng dipun unjukakên saking kridhanipun sadaya ing purwa madya ngantos dumugi wusananipun.
Sri narendra sakalangkung suka ing panggalih, sanalika lêjar panggalih sungkawa, mirêng ing pawartos adi sumyar sarira [sari...]
--- 57 ---
[...ra] sêgêr, langkung amiraos adamêl enggar sumrah amrik saking gunging nugraha ingkang sampun rumêntah saking sih kamirahaning Gusti Kang Maha Agung, têtela sang prabu kinasihan ing Allah kang murba wasesa, duk nir bawa aturipun punggawa.
Wusana ngandika arum: ing salêlakone putraningsun nini Pambayun tuwin sakancanira kabèh, apa padha raharja.
Punggawa kalih matur manganjali: saking barkah pangèstu paduka nata, manggih wilujêng sadaya, miwah botên wontên ingkang adamêl wancak galih.
Sang prabu angandika malih, dhawuh dhatêng abdi parêkan: timbalana enggal paman Adipati Măndaraka malêbu sajroning kadhaton warahên yèn ana pakaryan kang gati.
Ingkang ingandikan nyêmbah mundur saking ngarsa nata, Adipati Măndaraka sampun sowan ing ngarsa narendra.
Sri narendra angandika: hèh, paman adipati, wontên carakanipun Adipati Martalaya angaturi wuninga ing jênêng ingsun, yèn si Mangir sampun kapikut sarana saking sandi upaya, badhe sumujud panjênêngan ingsun, ngèstupada [ngèstupa...]
--- 58 ---
[...da] sarta atur bulu bêkti, lan ngaturakên wayah jêngandika nini Pambayun. Hèh paman adipati, jêngandika enggal dhawuhakên sadaya wadyabala ing Mataram, sami kinon mirantosa ing pakèwêd sarta langkêp sadêdamêlipun ing ajurit abaris pêndhêm ingkang samun sampun ngantos kawistara, manawi ngantos kawanguran adamêl girising manahipun Mangir, satêmah ngadêg suraning manah botên wande aprang rêrêmpon.
Adipati Măndaraka matur sandika, enggal ingundhangan[7] wadyabala ing Mataram botên dangu sampun sami samêkta ing ngayuda. Măndaraka sampun kadhawuhan mêdal kalihan punggawa caraka kêkalih, datan pêgat takèn-tinakènan ing pakaryan ing purwa dumugi wusananipun katiga prayagung sami suka sukur dhatêng ing Pangeran Kang Maha Sukci.
Titi kasigêg cariyos ing Mataram gêntos cinariyos Kyai Agêng Mangir.
Kocap Kyai Agêng Mangir karsanipun samantên angrumiyinakên caraka dhatêng Mataram atur wuninga sang aprabu, dene ingkang piniji Ki Dhalang Sandiguna kanthi Singajaya
--- 59 ---
kamisêpuh ing Mangir, ingiring tiyang kalihdasa sami numpak kapal miwah samêkta ing pakèwêd gêgancangan lampahipun ing margi botên kacariyos sampun dumugi ing Pamurakan.
Kacariyos sang aprabu ing Mataram sawêg miyos siniwaka wontên ing sitinggil binaturata, ingayap para wadyagung, lênggah pinarak ing dhampar kancana mulya, upacara karaton abyor, ingkang angampil-ampil para parêkan ingkang endah warninipun kêbak anjrah sarining sabumi, kongas arum kang gănda, sagunging kasarjanan tuwin yudanagari sampun kawêngku kalihan manuhara, raharjaning karaton Jawi, kawuryan rinêngga saking ungêling pradăngga gêndhing ingkang arum araras sênêning rat kawuryan saking gunging sih prabawa narendra, pating tleram ingkang sumiwi, esthanipun praba sorot angênguwung milangoni, cahyaning akasa kang damêl rêrêm ingkang aningali akarya kangungrungan, pintên-pintên rêsmining naya di dumêling katonton. Pêpak sagung ingkang sumiwi, Adipati Măndaraka wontên ing ngarsa, para putra santana andhèr
--- 60 ---
sumungkêm ing kisma, botên antawis dangu wontên tiyang dhatêng lampahipun enggal-enggal kèndêl anèng ing Pamurakan, ingkang kalih lajêng dhatêng waringin sêngkêran mêpês linggih asila, kawuningan ing sang nata.
Sang aprabu angandika dhatêng anggandhèk kêkalih: he, bocah anggandhèk enggal pariksanên sujalma loro kang nêmbe têka linggih ana samadyane wringin kurung.
Gandhèk nyêmbah matur sandika, enggal mêdun dhatêng alun-alun, sampun pêpanggihan kalihan tiyang kêkalih lajêng pitakèn: he, ki sanak manira ingutus sang aprabu, kinèn andangu pakênira, pundi pinangkanipun lan sêdya punapa.
Ingkang tinakènan amangsuli: kula kănca anggandhèk tiyang ing dhusun dipun kèngkèn dhatêng Kyai Agêng Mangir sowan kangjêng sang aprabu.
Priyantun anggandhèk wangsul enggal-enggal, dumugi ngarsa nata manganjali matur saniskaraning kautus. Sri narendra suka sukur ing panggalih kawistara ing pasêmon, wusana sang nata ngandika:
--- 61 ---
hèh, anggandhèk timbalana janma loro kang ana sangisoring waringin kurung, kongkonane si jêbèng Mangir.
Gandhèk nyêmbah mundur, lajêng dhawuhakên timbalan nata dhatêng tiyang kêkalih wau: hèh, caraka ing Mangir, pakênira sakalihe ingandikan ing kangjêng sang prabu.
Tiyang kalih mangsuli: inggih sandika.
Caraka sampun kairid, dumugi ngabyantara nata gêpah awotsari, mangarcana muka konjêm ing siti.
Sang prabu angandika: bocah, sira enggal matura, kinongkon apa marang si jêbèng Mangir.
Duta manganjali: kawula nuwun sang aprabu, abdi dalêm kawula dipun kèngkèn kalihan Ki Mangir anyaosakên sêmbah sumungkêmipun ing sampeyan paduka.
Iya, caraka, ingsun tarima.
Ingkang cundaka matur malih ing kangjêng sang aprabu: bilih andadosakên kaparêng dhangan panggalih paduka nata, abdi dalêm pun Mangir, nyuwun lilah dalêm badhe sowan ing ngarsa nata saos pangabêkti anguswa sampeyan sang aprabu, saha nyaosakên pêjah gêsangipun konjuk [ko...]
--- 62 ---
[...njuk] ing paduka narendra. Punapa malih pun Mangir anyaosi wuninga: bilih abdi dalêm Mangir manggih wanodya endah warninipun, angumbara sapurug-purug kawêlas asih, saha balaka ngakên putra paduka nata, anama Radèn Ajêng Pambayun pramila pun Mangir enggal badhe nyaosakên sang dyah rêtna wau. Sang nata ngandika: pancèn iya putraningsun, purwane ingsun tari krama mopo, wusana murca saka dhatulaya, ingsun nyêbar wadyabala anggolèki alas gunung tuwin anjajah desa amilang kori, mêksa ora bisa katêmu, wêkasan di têmu karo jêbèng Mangir. Kang iku sakêthi suka sukur bungahing galihingsun lan agung panarimaningsun marang Ki Jêbèng Mangir, lan besuk apa si Jebèng Mangir gone seba marang nagara Mataram yèn wis karuan têmtuning dina ingsun bakal dhawuh amapag marang putra santananingsun kabèh, ana ing dalan-dalan utawa wadyabalaningsun.
Caraka matur: kawula nuwun gusti, mênggah pisowanipun abdi dalêm pun Mangir sakalihan putra paduka gusti radèn ajêng benjing ing dintèn Rêspati Manis.
--- 63 ---
Sang nata angandika: iya prayoga.
Duta sampun kalilan mundur saking ngarsa nata, lajêng ginanjar yatra pasangon tigang dasa reyal kalihan busana wastra, caraka enggal nêmbah mundur saking ngarsa narendra sampun dumugi ing Pamurakan bidhal mantuk sakancanipun sadaya.
Kocap sapêngkêripun caraka, sang prabu angandika dhatêng Adipati Măndaraka: hèh, paman ijêngandika adhawuh dhatêng punggawa tuwin wadyabala sadaya, benjing dintên Rêspati Manis para prajurit samêktaa dêdamêlipun abaris pêndhêm punapa malih ingkang pancèn sami amapag nini Pambayun kapataha wontên sajawining nagari, jêngandika perang-perang para tiyang, lan para wadya ingkang kesah angupadosi nini putri, enggal jêngandika timbali kinèn mantuk dhatêng Mataram.
Sang Adipati Măndaraka enggal dhawuh undhang-undhang, animbali wadyabala ingkang kautus angupadosi sang dyah rêtna. Sasampuning sang nata andhawuhakên dhatêng sang nayaka waktra , lajêng kondur angadhaton. Ginarêbêg para [pa...]
--- 64 ---
[...ra] biyada, sadaya ingkang anangkil sami bibar mantuk sowang-sowang.
Sang prabu sampun rawuh dalêm dhatulaya kapêthuk sang pramèswari, kawuryan enggaring pasêmon kawistara ing pasuryan cumlorot ngujwala tejaningrat manon ing nata anêrus ing dirgantara, rumêrêp ing panggalih pratăndha sihing Pangeran ingkang andum para, para garwa enggar sadaya nalika uninga gumêbyar liring nata, upami lumampah dalu pêtêngan kapêthuk obor murub gumêbyar, anglir măngsa katiga ngêrak kadhawahan jawah dêrês andhawahi têtuwuhan, satêmah katingal sêgêr sru karênan manis sumrah angrêsêpakên wimbuh nalika kaaturan uninga sangsaya adamêl suka ing panggalih, kang sawênèh para arum sami bingah nanging kaworan wêdaling waspa, dahat kagagas sang kusuma ingkang andon lampah sandi upaya, pinurwa wasesaning praja kadrêsaning madu riris.
Kocap pasowan ing jawi sampun bibaran mirantos ing ajurit gambira rêna amanggih unggul bingah kados ingunggar manahipun wadyabala Mataram sampun sami [sa...]
--- 65 ---
[...mi] sêdhiya, punapa malih wadya ingkang kautus lampah sandi ngupaya sang dyah rêtna sampun sami mantuk sadumugining Mataram lajêng mirantos baris samar, Tumênggung Alap-alap ingkang minăngka pangajêngipun.
Caraka ingkang kakèngkèn dhatêng Mataram botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, sampun dhatêng ing Mangir, enggal matur dhatêng Kyai Agêng mratelakakên saniskaraning kautus punapa malih dhawuh pangandikanipun sang prabu ingkang rumêntah dhatêng Kyai Mangir dipun aturakên sadaya. Kyai Agêng sakalangkung suka bingah amrawata suta, tumuntên Kyai Mangir parentah dhatêng para panêkaripun tiyang sa Mangir kakêrig sadaya, kaperang-perang dêdamêlipun asri, amung waos pêdhang lan pêdhang suduk saèmpêr tiyang anglurug ing prang, tandhu jajaran miwah rêrêmbatan para bêbêkêl pininta-pinta sadêdamêlipun mirantos sadaya.
Kocap sang rêtna sampun busana, dipun sawang anglir Dèwi Ratih ing Tejămaya, mangejawantah tumurun dhatêng marcapada, sanyata ayu linangkung wimbuh kongas anglir wulan purnama sidi, gumilar-gilar kados sotya kasorotan [kasoro...]
--- 66 ---
[...tan] ing dilah sasra, kucêm sakathahing kang aningali, katêmbèn mulat sang dyah rêtna, lir muksa kinêdhèpakên tan wênang ingujung liring manglayung angalela sumunu, pancèn musthikaning sabuwana. Nyai Adisara botên têbih kalihan sang dyah rêtna, kang minăngka pandoman lampah, punapa aturipun sang rêtna tansah anurut sang rêtna sampun nitih joli, èstrining para bêkêl pêpak ngadhêp ing ngarsa, badhe anggrêbêg sang putri, pininta ingkang ampilan jèjèr sakawan para èstri anjajari wontên sangajêngipun sang dyah rêtna, gunggung tiyang kawan dasa kajawi ingkang lêgèh utawi mirungga. Sasampuning mirantos lajêng bidhal anuju dintên Rêspati, watawis dêdamêl sèwu sanès ingkang ambêkta barang-barang, kairid lurah-lurah dhusun wontên ing wingking mirantos kalihan sikêpipun. Kathah janma nunut ing margi, awit kêpengin sumêrêp ing nagari, makatên malih tiyang sanagari Mataram jalêr èstri sami gumrubyug aningali rêbut-dhucung asalang tunjang sêk-sêkan arêbat ngajêng. Saking kumêdah badhe sumêrêp pêngantèn putranipun sang aprabu ingkang langku[8] endah ing warni ngasorakên para apsari ing swarga,
--- 67 ---
mantu dalêm sang nata Kyai Agêng Mangir, bagus ing warni têguh timbul guna sêkti kèringan tiyang sa praja Mataram. Pangantèn katingal dipun grêbêg tiyang kathah, pangangge abra sinang anjajari tuwin angapit-apit sang dyah rêtna.
Kyai Agêng Mangir wontên sawingkinging sang putri, rêspati numpak kapal margawati, ingkang ngampil Kyai Baru cêlak wontên ngiringan ingkang têngên, ingiring kulawarganipun kinubêng dêdamêl asri, dipun reka wadyabalanipun, isthanipun pêngantèn ingarak binayangkare, sawawratipun tiyang dhusun ragi bagus busananipun mubyar.
Sang dyah rêtna nitih joli wontên ing ngajêng, jinajaran para bêkêl miwah magêrsari, liniga ingkang dêdamêl tansah sănggarunggi ing samargi-margi. Kathah tiyang ingkang aningali wontên satêpining margi, para lare agêng alit gumrubyug angêtutakên lampahing pangantèn. Kasigêg cariyosipun para tiyang ingkang aningali.
Ing samantên sampun dumugi kikising praja Mataram Kyai Agêng Mangir lèrèh nyipêng sadalu wontên ing Karasan. Angasokakên para wadya ingkang anggarêbêg,
--- 68 ---
punapa malih angêntosi timbalan sri narendra ingkang kapatah mêthuk sang dyah rêtna, Kyai Mangir parentah dhatêng abdinipun kinèn pêcalang manawi sampun wontên utusanipun sang prabu, enggal angaturana uninga dhatêng pamondhokan ing Karasan.
Kacariyos sang aprabu Mataram enjing miyos siniwaka pêpak ingkang sami sowan ing ngabyantara nata, Adipati Măndaraka, Pangeran Mangkubumi, Pangeran Singasari, Gusti Kangjêng Pangeran Adipati Anom, Pangeran Pugêr, Pangeran Purubaya, Pangeran Jayaraga, Pangeran Wiramênggala, Pangeran Pringgalaya sarta pangeran Têpasana tuwin Pangeran Juminah, andhèr wontên ing ngarsa sang nata, miwah para dipati pasisir măncanagari sampun sami rumantos pêngangge abra sinang pating glêbyar. Adamêl surêm sunaring kang surya, kumênyar angrêrêp sumuluh maliwêran araras sumyar-sumyar sumirat gănda sumrik arum anggadat minging mêngêng sumrah nyiram pantêsing angèsthi.
Sang prabu angandika dhatêng Adipati Măndaraka: hèh, paman [pa...]
--- 69 ---
[...man] andika enggal angêdum pakaryan, ingsun wontên ing kadhaton, paman wontên ing jawi.
Adipati matur: sêndika.
Sang nata ngandika malih: kulup Mangkubumi lan sira Singasari, amapaga ana sajabaning nagara, mantri pamajêgan kabèh mapaga ing Sudimara, yèn si Mangir ingiring gêgaman akèh, sira balèkna saka ing kana, aywa kongsi akèh kang ngiring lêbune marang nagara. Putu Pugêr Purubaya, amêthuka ing Danalaya enggal, wong Kajoran kang amèlu. Tumênggung Alap-alap mapaga ana Bantul sakancanira kabèh. Dene para mantri Mataram kang padha miranti pakewuh, yèn si Mangir diiring bala kang mawa gêgaman akèh kang istha kaya wong aprang, iku balèkna kalawan têmbung kang alus, kang ngiring si Mangir kariya sawatara bae, putu Pringgalaya lan Juminah sarta Wiramênggala lan Têpasana, padha mirantia ana ing pagêlaran karo sakèhe para mantri ing Mataram si Wiraguna sira anjagaa ana Pamurakan yèn si Mangir wis têka enggal andhêgên upacarane, ngamungna kang kalêbu kêkasih lan sêntanane, kang mirungga lanang [la...]
--- 70 ---
[...nang] utawa wadon kang ngiring marang kadhaton. Ingsun ana ing kamandhungan, sakèhing para prajurit barisa pêndhêm kabèh, angubêngana nagara aja kawistara kang prayitna.
Sasampuning rampung ingkang karêmbag tumuntên bidhal, pangeran Mangkubumi lan Pangeran Singasari, Tumênggung Alap-alap dados cucuking pakèwêd, sampun dhatêng mirantos kang wontên ing Bantul, Pangeran Mangkubumi kalihan Pangeran Singasari rawuh ing Sudimara lajêng amirantos para mantri pamajêgan ingkang andhèrèk, Pangeran Pugêr Purubaya ngirid wadya ing Kajoran sampun rawuh ing Danalaya anggènipun mêthuk Tumênggung Wiraguna sakancanipun wontên pamurakan amirantos. Kalihan pranatanipun găngsa kodhokngorèk tuwin bêdhug amirantos ing pamurakan panggènanipun gamêlan pelog salendro sinêla-sêla mubêng turut sapinggiring alun-alun nagara ing Mataram anglir garêbêg Mulud. Pangeran sêkawan têtuguran wontên ing pagêlaran, bupati tuwin para mantri wontên ing Păncaniti sadaya. Adipati Măndaraka wontên ing Kêmandhugan anggènipun mêthuk.
--- 71 ---
Kacariyos pacalangipun Kyai Mangir sampun ngaturi wuninga, bilih utusan dalêm sang nata dhatêng, ingkang badhe mêthuk sang dyah rêtna. Kyai Agêng Mangir enggal undhang-undhang, wadyanipun sampun sami mirantos sadaya, pasang rakit lampah kados nalika angkatipun saking ing Mangir, prayitna ing samargi-margi anggènipun angrêksa sang putri. Kyai Agêng Mangir sampun dumugi ing Bantul, Ki Tumênggung Alap-alap tumuntên enggal-enggal amêthukakên, angasorakên sarira sarta alus manis.
Aturipun: dhuh, anggèr, kula ingutus rama paduka sang aprabu Senapati Ing Ngalaga Mataram, ingkang sapisan amitêdhakakên pangèstu dalêm, ingkang kaping kalih kula kinèn mêthuk ing paduka kalihan Radèn Ajêng Pambayun.
Kyai Mangir mangsuli: inggih, paman, sakalangkung sangêt panuwun pamundhi kula sih kamirahanipun sang aprabu ingkang sampun rumêntah dhumatêng kula.
Tumênggung Alap-alap matur malih kalihan têmbung manuhara: dhuh, anggèr, sarèhning paduka badhe sowan narendra, punapa malih kaprênah marasêpuh, miwah badhe ngaturakên sang putri, [pu...]
--- 72 ---
[...tri,] kula angaturi pamrayogi: paduka ambêkta wadyabala langkêp sadêdamêlipun agêng, punika, anggèr, nama lampah nistha, awit adamêl salahing panggraita. Mila manawi andadosakên condhonging panggalih, abdi ingkang sapalih prayogi dipun wangsulakên mantuk dhatêng Mangir, rumêksa ing dalêm Mangir, ingkang sêpalih andhèrèk malêbêt dhatêng nagari, karana paduka ing saèstu badhe lami wontên ing kadhaton, awit sang nata tansah onêng saha badhe ambojawiwaha, kalihan sang prabu sakalangkung asihipun dhumatêng paduka, ênggèr.
Kyai Agêng anurut kemawon, ingkang abdi sampun wangsul sapalih, tumuntên lajêng lampahipun ing Sudimara sampun dumugi, pangeran kêkalih amêthuk dhatêngipun ingkang putra, Radèn Ajêng Pambayun enggal kèndêl, lajêng wacana dhatêng Kyai Mangir.
Dhuh, kakang, lah punika kanjêng paman Pangeran Mangkubumi, ingkang satunggilipun Kangjêng Paman Pangeran Singasari, sami amêthuk kula.
Kyai Agêng Mangir enggal tumêdhak saking titihan, Radèn [Radè...]
--- 73 ---
[...n] Ajêng Pambayun enggal tumêdhak saking joli lajêng angabêkti angraup suku ingkang paman sakalihan, ingkang paman tansah arawat waspa, sang dyah karuna, sasampunipun tumuntên atata linggih. Kyai Agêng Mangir angabêkti ing pada sang pangeran kêkalih, botên nyana bilih kalêbêt pangendra sangsaya, pranatanipun sandi upaya sakalangkung winados, pangeran kêkalih sami anêmbrama ingkang nêmbe dhatêng, angandika arum manis cêtha awijang-wijang lêlêmbaran manganyut ing sih, yèn wontên ingkang kirang dipun wêwahi amayang-mayaning wuyung, kayungyuning ingarah, ngarah-arah sumyur sumrah manis arum, Ki Agêng Mangir aturipun anuwun kapundhi ing mustaka kaêmbun.
Pangeran kêkalih sami ngandika: dhuh, ki jêbèng, lakuningsun ingutus marang kangmas kangjêng sri narendra amapag arinira Sang Dyah Rêtna Pambayun, kalawan amapag sira, awit saka karênan panggalih dalêm sang aprabu, suka sukur marang Gusti Allah, kagungan putra mantu kaya sira, anggèr, amung sira bae, jêbèng, kang bisa momong sang dyah rêtna, lamun sira, kulup, bisa momong, kangmas prabu têmtu
--- 74 ---
anyruwe agung asihe marang sira, jêbèng, aja kang kaya sira, kaki, wuwuh dadi mantu amêsthi luwih saka asihe tikêl matikêl kalawan sapa-sapa, dhasar wus ubaya kangmas mau, sing sapa uwong bisa anêmokake sang rêtna sayêkti dadi jatukramane, ginadhang-gadhang ing têmbe dadi warangkane sang prabu sarta ginajar nagara Bagêlèn saurute kabèh, lan ingsun di utus amatêdhakake payung loro, kang kuning nganggo tlacak marang arinira sang rêtna, dene kang ijo sorot ginanjarake marang sira, jêbèng, pratăndha putra mantu narendra, lan cihnane asih trêsnane sang maha prabu marang ki jêbèng.
Kyai Agêng Mangir nêmbah umatur: sakalangkung nuwun kapundhi ingkang tanpa wangênan, nuwun panyipta kawula botên pisan-pisan sagêd atur pamalês ing sang prabu, ingkang rumêntah dhumatêng abdi dalêm kawula, botên langkung panuwun kula, ing sang aprabu: mugi-mugi aparing gunging sih paduka dhatêng kawula saking prakawis kalêpatan kawula ingkang sampun kalampahan ingkang rumiyin-rumiyin.
Pangeran kêkalih sarêng angandika arum: hèh, ki jêbèng, [jê...]
--- 75 ---
[...bèng,] aja uwas sumêlang atinira, iku prakara wis kadaluwarsa, ingsun kang nanggung mêsthi bakal ora ana apa-apa, amung sira anontona arinira Sang Dyah Rêtna Pambayun bae, awit wus dadi garwanira, sanyatane manawa kangmas sang aprabu anggalih analar kang mangkono iku anglêngkara, apa manèh ora nganti ingsun têka ing kene, mêthuk sira lan arinira sang rêtna, lan para putra santana tuwin para punggawa kang padha mêthuk marang sira, kabèh prakara kang wus kapungkur, sang nata ora pisan karsaa anggalih, karana nalar kang rèmèh bangêt, prakara kabèh mau wis dilabuh marang têlênging sagara kidul sabab kangmas luwih jêmbar panggalihe, lan manèh pitutur ingsun marang sira nganti koyan-koyanan. Besuk yèn ki jêbèng wus têka ing Mataram panganggêpe sang nata marang sira, tuwin paman Adipati Măndaraka : yèn digungani wis têmtu moprol ambrol rumêntah sih kawêlasane, apa kang sira suwun kaki, amêsthi pinaringan, jêr mantu lanang sawiji dhasare bagus warnane, garwanira iku diêla-êla diugung sakarêpe, kinacèk marang sapadhaning sadulure, sêbab putra pêmbarêp urip.
--- 76 ---
Matur sandika, Kyai Agêng Mangir.
Pangeran kêkalih ngandika malih: ingsun warah manèh, jêbèng, sarèhne sira sumêja seba marang kangmas narendra, kapindhone rama maratuwa kang lagi sapisan iki, prayogane baturira balèkna mulih, kaki, kang padha gawa gêgaman iku kurang pangandêl sarta mantêp marang ratu, angur konên rumêksa ing Mangir, karana agawe kuwatir, kulup sabab bakal lawas sira ana Mataram, ngamungna batur kang anggawa upacara bae, pamurihku supaya aja nganti gawe kagète para janma kang andêlêng, dadine sira katon têkanira amêlas asih.
Kyai Mangir matur sandika, enggal parentah dhatêng wadyanipun ingkang samêkta dêdamêl kinèn wangsul angrêksa ing Mangir, amung ingkang bêkta upacara kinon tumut malêbu nagari, tiyang kawan dasa, kalêbêt tiyang narakarya kang mikul barang utawi kang anjajari sang dyah rêtna. Para wadya ingkang mawi dêdamêl sampun bidhal mantuk angrêksa ing Mangir.
Pangeran kêkalih angandika: hèh, jêbèng, ayo padha mangkat sêlak ingarsa-arsa ramanira sri narendra.
--- 77 ---
Kyai Mangir matur sandika.
Sang pangeran kêkalih bidhal wontên ing ngajêng sami anitih titihan. Ingkang wontên ing wingking piyambak Tumênggung Alap-alap. Kyai Agêng Mangir wontên pêngkêranipun Radèn Ajêng Pambayun, wasiyat Kyai Baru botên kenging têbih cakêt kalihan kêpuh ing titihan. Tindakipun para prayagung sampun dumugi ing Danalaya, Kangjêng Pangeran Adipati Anom amêthukakên, Pangeran Pugêr, Purubaya, nalika sami ajêng-ajêngan ingkang rayi kalihan sang dyah rêtna sumêdhot raosing panggalih, upami jêmparing tumuju anêrus tumancêp ing jêjantung, raosipun anguntar-untar, sang rêtna enggal tumêdhak saking joli, pirsa ingkang rayi kalih sami mêthuk sang dyah lajêng wacana dhatêng Kyai Mangir:
Hèh, kakang, prayagung kêkalih punika: adhimas Pangeran Pugêr kalih Pangeran Purubaya, sami amêthuk ing kula lan amêthuk jêngandika, kakang.
Kyai Agêng enggal amêdhun saking kapal gurawalan sasampuning tata linggih sami asêsalaman manut cara Arab [Ara...]
--- 78 ---
[...b.] Pangeran Pugêr, Purubaya anêmbrama ingkang nêmbe dhatêng, ngandika luwês lêmês manis arum:
Kakang, salampah paduka punapa sami raharja.
Kyai Agêng Mangir matur: inggih, sami ginanjar rahayu, brêkah dalêm sri narendra ingkang rumêntah dhatêng kula.
Tumuntên pangeran kêkalih ngabêkti dhatêng ingkang bok ayu sang dyah rêtna, asru guguk matur awor muwun:
Dhuh, dhuh, kakang bok, kula botên nyana, kados supêna kapanggih kalihan paduka, èngêt nalika bok ayu murca saking dhatulaya, kapanujon paduka dipun pupu Kyai Agêng Mangir, saupami sanèsipun Kyai Mangir ingkang ngukup paduka, saèstu ing salaminipun botên sagêd kêpanggih kadang kula ingkang saibu rama.
Sang dyah rêtna nalika amiyarsa pamuwunipun ingkang rayi kêkalih anjêrit asru muwun waspa drês marawayan kagagas duk purwanipun.
Sêrêt wêdaling wacana: adhimas aja rinasa, wis linggiha, kapriye mêngko kangjêng rama nata ing sapungkur ingsun apa padha karaharjan, apa manèh para kadang -kadang kabèh tuwin para ibu.
--- 79 ---
Ingkang rayi kêkalih umatur: sadaya rahayu sami, namung samurca paduka, rama ibu kalihan sêdhèrèk kadang warga sami agung sungkawa, tuwin tansah amêgêng dhahar nendra, sarta wayang- wuyung sapraja, salêbêting kadhaton jawah waspa, samun prabaning nagari, dhêdhêt erawati ing dirgantara, kêpyur-kêpyur ngêmu rimang istha labuh gung prihatos. Dene ingkang para bupati, sami kinon angupaya ing paduka, dhatêng wana rêdi tuwin dhusun ingadhusun anjajah amilang kori, ngantos dumugi sapunika dèrèng wontên ingkang mantuk awit dèrèng pikantuk wartos dumunung paduka.
Sasampuning têntrêm sadaya, pangeran kêkalih enggal andhawuhakên timbalan dalêm sang aprabu:
Dhuh kakang Kyai Agêng Mangir, awit saking timbalan kangjêng rama nata dhumatêng paduka, kakang, paduka botên kalilan manawi bêkta dêdamêl kathah, bilih adamêl sanèsing pamanggih dhatêng sakathahing wadyabala ing Mataram punapa malih dipun èsêmi dhatêng liyan nagari, kagalih kirang ngandêl utawi rumakêt dhatêng sang maha narendra, angamungna upacara kemawon ingkang ngiring paduka sampun cêkap,
--- 80 ---
utawi tiyang narakarya ingkang ngrêmbat barang-barang tuwin para tiyang èstri, bilih makatên pratăndha bêkti sumungkêm dhatêng panjênêngan ratu, kaping kalih marasêpuh, sintên ingkang pantês anjunjung mangargyani, kajawi para wadyabala, putra lan mantu miwah para santana, kakang, punika atur kula.
Kyai Agêng Mangir duk miyarsa suka sukur matur sandika, para wadyanipun ingundhangan sampun mantuk sadaya gunggung kawan dasa, namung kantun ingkang ngampil upacara ingkang angiring Kyai Agêng Mangir tuwin para pawèstri. Samantên para prayagung sampun bidhal saking ing Danalaya, ingkang dados pangajênging lampah Pangeran Mangkubumi kalihan Pangeran Singasari. Dene Pangeran Pugêr sarta Pangeran Purubaya cêlak wontên ing ngarsaning sang dyah rêtna, Kyai Mangir wontên pêngkêran sang putri sinongsongan ijêm sèrèt kancana. Ingkang wontên wingking pisan Ki Tumênggung Alap-alap, sakănca, prayitna ing pakèwêd kêmpal kalihan sawadyanipun Pangeran Pugêr Purubaya, dene dhalang Sandiguna sakancanipun sami wontên sakiwa têngênipun Kyai Agêng Mangir, kang tansah ananduki atur abên manis pating kranthuk [kra...]
--- 81 ---
[...nthuk] pasêmon samar, sarêmbag sami sêjanipun. Kyai Agêng Mangir ciptanipun tumuntêna kapanggih kalihan sang aprabu ing Mataram.
Sampun lêpas lampahipun tumuntên ngambah salêbêting nagari, Pangeran Mangkubumi kalihan Pangeran Singasari parentah dhatêng para wadya pangirid lampahing baris kinèn atata sami, botên kenging kalintu ing prênahipun satunggil-satunggil ajajar anggangsal-gangsal awit ngajêng dumugi wingking, botên kenging dhompo lampahipun. Ingkang waos kinèn amandhi sarta liniga tansah prayitna ing pakèwêd. Sampun waradin wadya dhinawuhan rêmpêg lampahing baris sap-sapan arampak awijah-wijah gumulung agolong pipit, untaping baris kados sela blêkithi, asrang asêlur busana aneka warna abrasinang, urut kadya prawata agni, sanèsipun kadya wukir sêkar, sawênèh asuka bingah, blêdug anêmpuh, kang mêngangge pêthak katingal saking mandrawa kados kontul arêraton, sunaring mega-mega araras, soroting lintang ngalih pating pancorot pating galêbyar, cahyaning gêgaman [gêgama...]
--- 82 ---
[...n] ligan kasorotan sunaring surya pating calorot agêgirisi,[9] ing akasa sêmu kingkin, brêngingèhing turăngga asri barungan, awor gumrêdêging lampahing baris, panyêluking janma nonton asri kawuryan, dados têtingalan ing samargi-margi, isthaning lampah anglir andon jayèng prang.
Kala samantên sampun dumugi ing Pamurakan găngsa kodhokngorèk mungêl rame, punapa malih ungêling gamêlan saurut têpining Alun-alun langkung umyang anglir kapirêng ing langit, bêdhugipun tinitir, swara umyang gumuruh kados rêdi gugur katêrak ing păncawara tarik. Kyai Agêng Mangir sakalangkung suka bingah ing manah, Tumênggung Wiraguna enggal amêthuk, alon arum ing aturipun:
Dhuh anak Ki Agêng Mangir, ênggèr, paduka badhe arsa malêbêt ing kadhaton, saos sêmbah pangabêkti anguswa padaning marasêpuh dhasar narendra gung ing nuswa Jawi, kula ngaturi pamrayogi ingkang kalampahan pranatan karaton Pajang dumugi Mataram, bilih wontên para luhur badhe
--- [83-84][10] ---
--- 85 ---
[...wah] marang lakinira, iya Ki Jêbèng Mangir kang bisa anêmokake marang nini putri, saupama boya putu Mangir kang nyandhangi, sira ora bisa mulih marang praja Mataram.
Sasampuning ngandika lajêng pilênggah, Sang Dyah Rêtna awacana dhatêng Kyai Agêng Mangir:
Dhuh, kakang, punika prayagung kaprênah eyang kula: Adipati Măndaraka, ingkang nyêpêng pangwasa tiyang sanagari Mataram, kangjêng rama nata botên anyumêrêpi, amis bacin miwah bambang[11] pangalum-alum kangjêng eyang ingkang amasesani.
Tumuntên Sang Rêtna angabêkti sang adipati, punapa malih Kyai Agêng Mangir enggal angabêkti ngaraspada sang adipati, sang adipati manêmbrama manis arum dhatêng ingkang nêmbe dhatêng.
Aturipun Kyai Agêng Mangir: nuwun kapundhi.
Adipati Măndaraka angandika: hèh, ki jêbèng, ingsun awèh pamrayoga marang sira, rèhne sira arsa ngabêkti marang rama maratuwa nata, prayogane nganggo tata kramaning karaton, sira aja gawa tumbak malêbu marang pura, iku ora kêna, kulup, karan wis kapacak ana
--- 86 ---
ing anggêr arubiru, bêcik tinggalên ana kene ingsun kang angrêksa.
Kacariyos Kyai Agêng Mangir sarêng mirêng dhawuhipun sang adipati wagugên ingkang manah, dangu botên sagêd wicantên kumêjod salêbêting batos, pangandikaning manah:
Tumbak ingsun Kyai Baru Kuping bisa pisah marang raganingsun kajaba yèn wis pêdhot guluningsun.
Tumuntên Sang Dyah Rêtna adrês ing pangimuripun, anglir banjir puspita mrik acampur gănda ingkang arum, wusana sang rêtna matur:
Dhuh, dhuh, kakang, sampun awancak galih, punika kangjêng eyang rêmbag ing sanyata mugi pitajêng ing panggalih paduka, awit sampun pranataning nagari, yèn arsa malêbêt ing dhatulaya, botên kenging ambêkta dêdamêl waos, namung dhuwung ingkang kenging. Lah, kakang. awlasa dhatêng raga kula, yèn paduka ambêkta biring botên wande kula rinêngon ing kangjêng rama, winastanan botên sumêrêp tata caraning karaton. Bilih jasad kula kadukan ing rama nata, ing saèstu botên wande paduka kakang katut kagèndèng, [kagè...]
--- 87 ---
[...ndèng,] paduka lan kula lajêng pinisahakên dening rama, karana ngrisak tatakrama, jêr cipta kula, kyai, dhatêng paduka: botên nêdya malih tingal ing dunya akerat tulusa amêngku dhatêng kula, paduka ingkang dados pangeran kula, mila jasad kula purun anglampahi krama dhumatêng paduka rumiyin. Măngka purwanira[12] kula badhe kakramakakên kula mopo.
Aturipun Sang Rêtna kalihan muwun waspa drês mijil saha kawêlas arsa, sarwi anungkêmi pangkonipun, asta têngên nyêpêngi pupu, ingkang kiwa ngusapi waspa.
Kocapa sêmantên Kyai Agêng sumêdhot ing manahipun kados dipun iris-iris wusana angunandika:
Yèn ngantia kêlakon ingsun pisah lan Sang Rêtna, kaya priye rasane awakingsun mêsthi ora wurung palastra, prayoga ingsun anurutana pamintane ariningsun sarta agawe suka bungahe wong ayu kang asih trêsna marang laki, kang dadi têtalining ngaurip. Wis jinais karsaning Allah Kang Maha Mulya, tan kêna owah gingsir têka nuruti pamintaning garwa, lajêng matur dhatêng Sang Adipati Măndaraka:
--- 88 ---
Inggih nuwun sumăngga, panêmbahan, waos kantun wontên ing jawi.
Botên dangu abdi kaparak kalih mêdal ing jawi andhawuhakên timbalan dalêm sang aprabu dhatêng Sang Dyah Rêtna.
Dhuh, gusti, paduka kinèn enggal rama paduka narendra lumêbêt dhatêng ing dhatulaya, gusti, paduka katimbalan rumiyin.
Sang rêtna enggal malêbêt ing kadhaton, sri narendra pinarak ing sela gilang, para putra santana ngadhêp ing ngarsa, Pangeran Mangkubumi kalihan Pangeran Singasari, tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Anom wontên ing ngarsa, Pangeran Pugêr lan Pangeran Purubaya. Sang Rêtna sarêng katingal kalihan Adisara, tumuntên ingawe sang nata, sang dyah lumajêng enggal asru karuna anyungkêmi ingkang rama, sêsambat amêlas-asih.
Sang nata ngandika: adhuh, nyawaningsun ingsun tarima pakaryanira anglakoni sandi upaya, wis ta mênênga, aja lara-lara nangis enggal malêbua marang dalêm pungkuran.
--- 89 ---
Sang kusuma tumuntên malêbêt ing dhatulaya kalihan Nyai Adisara, dene garwa tuwin para sêlir sami karuna, angrubung ingkang nêmbe badhe dhatêng, anjêrit gumêr-gumrumung salêbêtipun dalêm agêng, gulungan anèng siti Sang Rêtna kantaka, sasampuning paripurna têntrêming tangis, gêntos ingkang cinariyos.
Kocap sang aprabu angandika dhatêng putra santana, kinèn samêkta ing pakèwêd nanging botên kawistara sunar liringing netya, Pangeran Mangkubumi lan Pangeran Singasari enggal mêdal dhatêng kori Kêmandhungan andhawuhakên timbalan sang nata:
Hèh, Ki Jêbèng Mangir, sira ingandikan lumêbu marang kadhaton.
Ki Mangir matur sandika, kairid pangeran kêkalih, dene ampilan sadaya kantun wontên ing jawi, sadhatêngipun ing kadhaton wontên ing ngabyantara anyêmbah, sang prabu angawe sasmita kinèn majêng enggal, Kyai Agêng tumuntên anyèlèhakên dhuwungipun angabêkti ing sang prabu.
--- 90 ---
Nalika sumungkêm pada sang nata, kangjêng senapati bêl prêmpêng èngêt dukanipun ing kina andhatêngi, Kyai Mangir duk grana arsa angaras jêngku, jêngku inginggatan dhatêng sang prabu, kadung ujungipun enggal jinêngku sirahipun kalandhêsan ing sela gilang, sirah rêmuk sawalang-walang êrah sumêmburat utêk akocar-kacir. Kyai Agêng Mangir sampun pêjah, saking rosaning nata atosing sirah, sela gilang gêmpal.
Sang nata jumênêng kalihan angandika: saiki wus dhangan panggalih ingsun, awit wus sirna kang dadi kalilip ingsun.
Sarta ngandika malih: sapêjahipun Kyai Agêng Mangir kinèn nyamun sampun kabiwara, mayidipun sampun kasaenan kawêdalakên ing pungkuran kori bêbutulan, sêraping surya kagantos purnama muncar, pangeran sakawan mêdal sampun kapanggih kalihan Sang Adipati Măndaraka wontên ing kori Kêmandhungan, andhawuhakên pangandika nata:
Eyang, dhawuh dalêm kangjêng rama, sakathahing ampilan saking [sa...]
--- 91 ---
[...king] Mangir tuwin Kyai Baru Kuping pinundhut malêbêt ing kadhaton sabab wayah jêngandika dèrèng kalilan mondhok wontên ing jawi, awit kangjêng rama dèrèng dumugi onêngipun dhumatêng Kyai Agêng Mangir, sinuba-suba ăndrawina wontên salêbêting dhatulaya, dene kulawarga santananipun sadaya, kinèn angaso sami wontên dalêm paduka.
Adipati Măndaraka matur sandika, nanging sampun andugi ing sêmu. Adipati Măndaraka dhawuh dhatêng tiyang Mangir ingkang ambêkta ampilan.
Lah, ta, êndi Ki Baru Kuping pinundhut sang aprabu, têrang Ki Jêbèng Mangir ing samêngko lagi padha onênge karo sang nata, lan sih-sinihan karo Sang Dyah Rêtna.
Waos enggal dipun aturakên dhatêng Adipati Măndaraka, lajêng ingaturakên malêbêt kadhaton ingkang mundhi Adipati Măndaraka piyambak, sampun dhatêng ing pura, Ki Baru sampun katur sang narendra. Sang prabu sakalangkung suka sukur ing Pangeran Ingkang Agung, ing panggagas sampun botên wontên ingkang dados wancaking panggalih.
Adipati Măndaraka sampun mêdal ing Kêmandhungan paring [pa...]
--- 92 ---
[...ring] dhawuh, para tiyang ing Mangir sadaya ingajak mundur dhatêng Măndarakan sakalangkung anggènipun nyubya-nyubya rintên dalu tan pêdhot, tiyang Mangir sadaya asuka bingah sarta angeca-eca, rinêngga-rêngga sami dipun sludhah samukawis botên kêkirangan boga busana wastra, botên anyana pisan bilih gustinipun pêjah, mila tansah asuka parisuka wontên Măndarakan. Têtayuban kadugèn sakajêngipun, ubyang-ubyung rintên dalu.
Sarêng sampun antawis lami lajêng mirêng manawi gustinipun sampun pêjah, sakêclapan sumêdya abela pêjah, nanging karêmbag guyub sami têluk angèstupada ing sang prabu Mataram, saha atur prasêtya.
Panungkulipun katrima, ing mangke dhusun Mangir saurutipun ginadhuhakên dhatêng Adipati Măndaraka. Nanging dipun para nênêm, ingkang saduman dhatêng Adipati Măndaraka, dene ingkang saduman Adipati Martalaya, Jaya Supănta tuwin Saradipa miwah Tumêggung Bocor, dene ingkang saduman dhatêng Tumênggung Saradula. Ingkang tampa panjêran siti sami bingah manahipun, saha ing cipta namung nyaosakên [nyaosakê...]
--- 93 ---
[...n] mantêp sêtyaning manah ing gêsang dumugi ajalipun, pinuja măntra arjaning nagari saha kawula sadaya.
Bêdhahipun ing Mangir dipun sêngkalani: tri boja tata bumi = 1523.[13]
Ing nalika samantên kangjêng sri narendra Senapati Ngalaga, nata ing Ngèksigănda misuwur saêrat nuswa Jawi, karatonipun gêmah raharja miwah mirah sandhang têdha, botên wontên janma lampah dursila, tata têntrêm awit panjênêngan narapati kinèringan para ratu ing ngamănca.
__________
1 | § Duryat têgêsipun: musthika, sorot, turun, nanging kanggenipun Jawi angsal duryat, angsal wahyu, utawi bêgja. Suji, têgêsipun once, sunduk, sujèn, sukci, anggit, tênun. (kembali) |
2 | Saradula (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | agêntur. (kembali) |
4 | wêktu. (kembali) |
5 | nuwun. (kembali) |
6 | anglanggati. (kembali) |
7 | ingundangan. (kembali) |
8 | langkung. (kembali) |
9 | anggêgirisi. (kembali) |
10 | Halaman 83-84 hilang. (kembali) |
11 | bang-bang. (kembali) |
12 | purwanipun. (kembali) |
13 | Tanggal: tri boja tata bumi (S 1523). Tahun Masehi: 1601–2. (kembali) |