Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 01–25)
1. | Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 01–25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Babad Pakualaman
--- 65 ---
Punika Wêdana Rênggan Candhi Cêndhana Sêpilar.
1. Dhandhanggula
1. jêng pangeran muryani mêmanis | surat babad mung kêdhik cinêgat | kumayungyun caritane | kala kang eyang buyut | maksih anyêntana unggyaning | Pangran Pugrê[1] Dipatya | budi darma
--- [66] ---
alus | maha wiku mahardika | ingkang raka Sunan Mangkurat langkung sih | barang rêmbaging praja ||
2. datan supe anantun kang rayi | mung kang putra pangeran dipatya | agêthing marang pamane | wusdene yyan andulu | mring pra putra Kapugran sami | kang miyos padminira | kangjêng radèn ayu | sinigèn kalangkung ewa | mila Radèn Surya pinutra ingalih | namane Wăngsatruna ||
3. Dèn Ayu Lêmbah sampun ngêmasi | Prabu Mangkurat tyas glana susah | yyan pangran dipati anom | tan somah kadangipun | lawan putranira kang rayi | karsane sri narendra | Radèn Ajêng Impun | ngrangulu sang dyah kang seda | pangran adipati pinêksa wus panggih | lawan dèn ajêng rara ||
4. nanging datan patya carêm galih | sang dyah rêtna asring ngrujit manah | nahan gantya winiraos | wontên tilaranipun | Pangran Singasari kêkalih | kang taruna Dyan Punta | Dyan Santri kang sêpuh | radyan kalih nèng Kapugran | pan kang uwa kang ngambil putra dyan kalih | kinarya mantri mudha ||
5. Dyan Punta kesah mring Têgalwangi | nêkung andêngdagan[2] mring kang eyang | tinimbalan radèn magok[3] | katur marang sang prabu | Radèn Punta kêdah sêmadi | anèng daganing swarga | datan purun mantuk | dhawuh dêduka narendra | Ki Tumênggung Rêksanêgara ing Têgil | kang kinèn anguwisna ||
6. Radèn Punta ingapus wus kêni | Rêksanêgara sêngadinira | dinukan dening sang rajèng | radèn arsa jinunjung | ki tumênggung ingkang nyanggupi | ambêk krura prangbawa[4] | arêbat kêratun | gênti waris nungswa Jawa | kêmalogên Dyan Punta tyasira gampil | tan wruh sandi upaya ||
7. radèn linawe sampun ngêmasi | wus katur mring Sang Nata Mêngkurat | jêng sunan lêga manahe | dadya kalilipipun | Radèn Punta awèta brangti | anêkung ing astana | Pangran Pugêr ngungun | pinupus tyas suka dènnya | pinèt [pinè...]
--- 67 ---
[...t] putra awone sampun ngèmbèti | kunêng arjaning praja ||
8. ya ta antarane gênti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | awor maputêk tyas marèng | pangran dipati rusuh | datan mirib kang rama aji | cipta tan tulus dènnya | ngabdi ratunipun | Dyan Arya Patih Gunawan | saya sangêt grahnya anglampus ing galih | praptèng maot pralina ||
9. kangjêng suhunan ngungun tan si |[5] ing sak tilare pêpatihira | sinêngkalan buta roro | ngrasa tunggil kapetung |[6] ponang layon binêkta nuli | kinubur parimona | karsane sang prabu | kang badhe jinunjung patya | punggawèng jro Sumabrata wus gumanti | mufakat ingistrenan[7] ||
10. ingkang gêntosi niyakèng puri | wau Kyai Ănggasuranata | sumêngka ngalih namane | Wiraguna Tumênggung | Wirarêja ingkang nisihi | măngka patih jro samya | patih jawinipun | Ki Tumênggung Sumabrata | pangran adipati sampun dèn lilani | marentah pra dipatya ||
11. dadya mubarang prêkawis nagri | Sumabrata tur wikan pangeran | pra punggawa keron tyase | mubarang karsanipun | pangran gèsèh lan kang rama ji | kang rama rêtna daya | parikramèng wadu | dene pangeran dipatya | cacah-cucah wong ala lawan kang bêcik | cinarub patrapira ||
12. cênthula datan krama ing bumi | myang anggêpe mring kang paman-paman | tanpa kering ngêgungake | êdir diksura angkuh | myang mring Pangran Pugêr wus dening | bêlangkêp nora măntra | paman tur mrasêpuh | nir krama mantun anêmbah | yèn kêpanggih mêksih nèng kasuran linggih | têmbunge kula dika ||
13. jêng suhunan mar maras wus èri | mring atmaja wêgah pamrêdinya | kogung kumlungkung wus kasèp | mêngkana kang cinatur | Ki Dipati Urawan agring | awor kuwur tyas mulat | parentah
--- [68] ---
swah[8] rusuh | praptèng ajal wus pralaya | sirna kabèh pinituwaning nêgari | Urawan Sindurêja ||
14. Ki Urawan datan darbe siwi | ampas kurawanan pinra tiga | saduman pinaringake | Suranata jinunjung | Sarawadi sinung anami | Tumênggung Wirasêstra | kalih dumanipun | pinaro kinarya wêwah | mring Ki Wirarêja Wiraguna sami | pan atmèng jro mênggala ||
2. Asmarandana
1. ri sêdhêngira sang brangti | narendra mrêdi mring putra | pangeran dipati anom | ingkang rama angandika | ki dipati rêngêna | gonira krama dèn atut | lan rinira Kapugrêran ||
2. kaya êmèh ingsun iki | nyawa na karsaning Alah | besuk ing sapungkur ingong | pujiningsun lêstaria | adêgira narendra | ywa bèncèng pikir putrèngsun | lawan kadang warganira ||
3. poma-poma ki dipati | pamanmu dhimas Kapugran | si adhi Sampang karone | dèn bisa sira mèt trêsna | dèn asru kulanana | roro iku wruhanamu | minăngka wêngku rat Jawa ||
4. sênadyan akèha kaki | nyawa wong atuwanira | iya amung siji kuwe | adhimas Pugêr Dipatya | anggêpên kaya ingwang | pamanira wruhanamu | maha wiku tur widagdya ||
5. wêweka sinihan bumi | alêpas sumbaga guna | dhuh nyawa wong dadi rajèng | kang pakewuh amung sanak | yèn nora kabênêran | ringkês mênawa kawêngku | yèn dadi mungsuh asusah ||
6. lamun sira angalisi | pamanmu lan yayi Sampang | jêjêt mêngku tan kinawroh | măngsa dadia wêwadhah | yêktine ki dipatya | liwat sangking watir ingsun | tinggal kêprabon ing sira ||
7. durung prêcaya sayêkti | karan ingsun ki dipatya | tyas ingsun mandhêg tumolèh | yèn nora ngowahi sira | solahira kang ala | arêpit wong dadi ratu | jalaraning Rasulullah ||
8. sun wrêdi ingsun [ing...]
--- 69 ---
[...sun] prêsudi | watêkmu ingkang brêngkayang[9] | yèn sira gumantyèng ringong | ingsun titip ki dipatya | dèn bêcik baurêksa | mring tilaran ingsun wadu | sêngkuyunên dèn pariksa ||
9. sun rêbut lan takêr gêtih | nêgara lan kulawarga | ywa kongsi srusuh tatane | nganggoa ambêk sudarma | padhang dèn kadi surya | dèn kadi sêgara madu | manis tan wigih ing tanjrak ||
10. upama sira pêparing | ywa mrih wêwalêsing wadya | dèn kaduk panguningane | amrih arta aja alpa | kang muba ham tan wênang | dhêndha jarah kang tan patut | lawan adil khukumullah ||
11. ing khukum dèn angugêmi | kang manjing kisas pinatyan | ayya ngapurèng dosane | kang durung mangsuli tobat | abot ènthènging dosa | ratu dèn kadi têraju | aja gêgampang prênata ||
12. aja ngalêm aja nampik | ing wadya aja anacad | yyan ana sigug silane | tutuhên smu dèn asamar | aja pinrangwêdana | giris giras têmah nglalu | ngawêla[10] wong baturira ||
13. tan patut kumantil-kantil | kulup mring pênggawe arta | ratu tan ana tunane | bên măngsa bali mring pura | nadyan sugiha arta | pagêre nora binrukut | tiwasa dadi jarahan ||
14. sayoga amilih mantri | bèbète wong krêtiyasa | wong abêcik sak srandune | anggane dadi gêgaman | barga kunta bramastra | utamaning ratu kulup | ywa ngeman pamrihing bala ||
15. dèn gêmi maring wong bêcik | wit sangking ing bala boga | amartani sakabèhe | sinihan ing nitipraja | aywa cinacad bala | aja lumaku ginunggung | yèn amrih alêming wadya ||
16. maksih ana kang maoni | jalma kèh pangucapira | amung prihên enak kabèh | aja gêpok ing ratunya | gêdhe cilik wêrata | tyase sumungkêm [sumungkê...]
--- [70] ---
[...m] mring ratu | panggunggunge basa loba ||
17. iku narendra tama di | madyaning ratu saharsa | anggarap wong papat bae | kang dhihin kang lêbdèng basa | iku juru wêwarah | sumyar kacaryan ing têmbung | ngenaki tyas balatăntra ||
18. tur wong mêngkono alungid | lêpas wruh satru kang samar | jajahaning mungsuh katon | sandi upayane awas | pindho mantri wicaksa | misane durjanèng laku | tan ingambah dening corah ||
19. ngitik-itik kawula lit | têkèng bala tani sumrah | datan lena sadinane | kaping tri mantri prawegya | solah liring anukma | wruh ing wêtara tan keguh | angêlar jajahan rowang ||
20. kaping pat prawara mantri | ingkang pêngawak kumala | datan ana talutuhe | angêjum rêntênging praja | nirnakkên kewuh baya | ngrurasèng sanggyaning ratu | jana nêlahi lir kilang ||
3. Dhandhanggula
1. ratu nistha tan arsa ngrakêti | mring wong budi sănta datan kongang | angumpulakên arta kèh | kang katêngên ing ratu | datan adoh raina wêngi | kang pêngawak wênara | lan pêngawak wêdhus | kaping tri pêngawak macan | mêmêdèni tur prayitna dingkik-dingkik | gêrêng-gêrêng mrih arta ||
2. dene punggawa kang kadi kambing | angêthiwul tan ajrih ing wirang | nadyan akèha lupute | tan mijil sangking ratu | pangulahe amung nylêkuthis | sok ugi angumpulna | ing arta kang agung | dene kang kadi wênara | ala bêcik wong cilik dèn kucirani | têkèng ing wadya desa ||
3. mantri lêlurah kêrêp asalin | ingkang pinrih kêrêping rêruba | tinimbang akèh kêdhike | pan kagunganing ratu | pan angsale panambut kardi | mijil nagrining nata | ing mangke wus kumpul | sayogya katur narendra | lir wong dagang tan sêpira maro bathi | pawitane sumêtya ||
4. sang atmaja tansah
--- 71 ---
awotsari | ingkang rama malih angandika | yèn sira umadêg rajèng | datan aniru mring sun | aprituwin kang dhimin-dhimin | anggêgawa susantra | andoh tyasing wadu | ana murud lyan pêpeka | mulatènge kang kèsthi mung ratu dhimin | apa bêcike nyawa ||
5. sayogane ratu amêlasi | mring wadyane sarta asih trêsna | iku mas upaya gêdhe | datan kêna kêtungkul | ewuh aya jênênging aji | manggung angkuh kewala | wadya sêngit takut | wong cilik asalah karya | sandeyane kulawarga tan kêtali | ngêgungkên kanuragan ||
6. tan wrin rèhane mung mukti rêsmi | nèng kêdhaton bungah nêmu bêgja | rêtna naka kang mêncarong[11] | sak lêksmining pura rum | cacad maring wêweka niti | tan wruh wonge sangsaya | balik brana iku | karyanên ngrêksa nêgara | jagasatru wibuh lêngkaraning picis | donya arta kuwasa ||
7. nganorakên mungsuh krura bangkit | barang wurywaning wong urip nyawa | têka ing picis gèyète | nging tan wênang siraku | dudu duwèkira pribadi | ing Narpati Gunawan | gêdhonging Yyang Agung | dèn rumêksa ngina papa | lan dèn mule mring para pandhita fêkir | jurung ayu srinata ||
4. Sinom
1. mêhêng kita yya sêmbrana | upayaning dhustha sandi | pêpatahên wong kang têngkar | ya karane wong kang juti | dhihin maling ing wêngi | kapindho kanthining mungsuh | yya parêk wong dru bobab | karana wong digbya sêkti | dipun kadi lakune sang yyang baskara ||
2. nêlahi kênyaring arka | padhang manasi sabumi | ing ngêndi gone siluman | durjana pêsthi kadêling | sangking padhanging rawi | sumêb lan prênahe dhuwur | prawara mindha surya |
--- [72] ---
tan kêna samar mring maling | sanggonane angungsi pêsthi kêtawang ||
3. bupati pêngawak arga | dukut upama nêgari | sakèhe bala alarja | yêkti kasăngga ing wukir | giri tan ana pangling | alulur tur rêgu-rêgu | wadya lit lir bêdhagan | sasolahe sato pêsthi | pan kawruhan tindak-tanduke nèng alas ||
4. mah bupati anung digbya | prihên ubayaning maring | lana angratu ring kita | ring-ringên dèn kadi mèsi | dimonêng rina wêngi | karana aywa na sigug | pyuhing tyas tan lyan ketang | karana praja tan kêni | wadya meda sanggya tan kêna druhaka ||
5. kulup saananing wadya | andêlên lawan pandêling | ingkang pragya wrin ing naya | silanya karaharjaning | wadya ingkang nguliwing | ngeka manasar tur kêbluk | kang ngarjani mèngêtna | bubuhane wong pinilih | sila tama prawira karêp ing karya ||
6. atatag wruh panewaka | ing wulat makarya bêkti | prayitna duduning praja | narik sêtya sanêgari | anrus kalbu rêtna di | nirnakkên ing glah sawêgung | sêbawaning swarjana | ngilangkên gêlah muputi | kasantikan kawignyan prawirèng rana ||
7. myang kang pragya tang wêweka | aywa na winalanggalih | malah boga kinêmasan | dimène mrêdu aminging | rina wêngi ajagi | jaga-jaga jayèngkewuh | antya sangkêping guna | wêwilanganing jalma di | ing narendra tan kêna ya ta ra pasah ||
8. lan bupati ambêk sănta | sasat kalukaran nyamping | samadyan ngasmaralaga | donane ratu kinêmit | wadyabala gêng alit | titihên sumbaga marum | kyat kalêngkaning sarat | ing wadya prihên jrih asih | sawuwus tan sumêlang lumadyèng karya ||
9. nadyan kang kadi kuthilang | samya brăngta ing narpati | tyas bêncana têmah arja | mrêdu sumbaga bojaning | padha kawahan brangti | monang prêbawèng sang
--- 73 ---
prabu | digjayèng kawijayan | jêng sunan langkung mêrsudi | mring kang putra nging smune kalis kewala ||
5. Mêgatruh
1. lir mêgat sih dènira mrêdi mring sunu | dhuh nyawa kudu awêning | ratu hidayatolahu | cêgah angoncati ing ngling | ujar ingkang wus dhumawoh ||
2. ngilangakên susantraning jalma anung | laranganing wong aurip | lan ywa maido pitutur | pitutur ingkang amurni | tan ngrêngên tur aran garoh[12] ||
3. sumbalinga dadi garoh dhewe masku | nanging mawa-mawa kaki | upama pitutur iku | datan sumêrêp lan batin | aywa katêragal nganggo ||
4. sun têlaskên kaki ing pamuruk ingsun | walgita basa kêkawin | Sri Ramawijaya luhung | sun jarwani basa Jawi | dimèn atimu cumêplong ||
5. nadyan Buda tanduke pan kumayungyun | duk bêdhah Ngalêngka puri | Dasaswa sêdhêng kêsambut | pugut murdane ngastra di | Guwa Wijaya kang macok ||
6. Wibisana nangisi kakange lampus | mêngkene sambangting[13] tangis | katuwone kakang prabu | sakèh ngujar tan ginati | aturing buta dêlamong ||
7. kang dhinahar mêngko yuswane wus puput | paran gènipun nututi | tan linyok saujar ingsun | kamisêsêgên nungkêmi | angrangkul sarwa ngêlasod[14] ||
8. ngangsêg-angsêg polahing kaka tinutuh | dhuh kakang kêpriye budi | tan pangrasa dadi ratu | kawênang-wênang kumadi | sèsèr tanpa wagah dèn go ||
9. siwur tanpa kancing bangêt mampang-mumpung | kandhang nora dèn palangi | ngabyakkên ywan sura têguh | păncasona luput pati | kumingsun papa lir ingong ||
10. datan nolih kadiran ing liyanipun | iki rasane kakang ji | nangis lir dyah pinurwèng kung | Rama Badra ngarih-arih | aywa anangis riningong ||
11. tanpa [tan...]
--- [74] ---
[...pa] guna wong anangis dadi limut | satriya ywan manggung lali | gêtas gonyèh kulit balung | kakanta tan bisa urip | sun guroni yèn mêgagok[15] ||
12. Wibisana kumêsar èngêt ing ratu | minta apura ngastuti | Ramawijaya ngrês dulu | tur sambya dèn wêwarahi | asor madu juruh winor ||
6. Dhandhanggula
1. yayi ngadêga Ngalêngka puri | rasêksa padha sira kumpulna | supaya padha angrajèng | marang kita sawêgung | lawan rimas dipun pakeling | ing wong jumênêng nata | ywa lupa katêlu | ing nistha madya utama | kanisthane ratu katawan ing jurit | wirang tur sudra papa ||
2. ratu kang sugih arta amêdhit | tan nêdya linumrahkên ing bala | dèn guru bêke gêdhonge | mung arta kang dèn itung | wadyabala turida anglih | tan arsa milih jalma | ingkang ala ayu | tur gugu para wadulan | yèn ana wong sugih dipun kucirani | dandanane pinetang ||
3. nadyan bênêra dèn kadi margi | nadyan turune punggawa lama | yèn tan sarta lan rubane | pênggaotan mring wadu | lir sudagar tuna yèn sêpi | sêdina nora tămpa | arta dadi guru | iku nisthaning narendra | nging yèn ratu tan darbe gantungan picis | gêmêt kinarya dana ||
4. barang karsane nora amingis | upama pangot ngêdohi wungkal | randhat asêbêl êmpane | mung lomane ginugu | cêkak landhung ambêking dasih | ana wruh kabêcikan | winangsulan umur | samadyaning adilaga | wong kang ala lir uyah kalêbèng tasik | arta mawut mring bala ||
5. prêpêganing karya pa kinardi | angegarkên[16] tyasing wong kang nyata | yèn wong ala dhêdhêmêne | tămpa ganjaran baru | sêngkud mèmpêr lan wong kang bêcik | yèn lawas tan ginanjar | kumat lêngguk-lêngguk | karan dèn bisa mistara | ratu madya lumrah ing wadya ngenaki | kinamulèn ing praja ||
--- 75 ---
6. nayakèng catur ingkang pinilih | rêtna katga pêksi lan wanodya | kang kadi rêtna amêke | tan kêdhap ing pandulu | angenaki ing mindha tani | asih mring ina papa | ing tyas mulya arju | subêkti ajrih pandhita | datan amrih upajiwaning wong cilik | dadya gêmah mukakat ||
7. iku măngka pandulwan nêrpati | tan nêlutuh tur ajrih ing Sukma | mung khukum adil kakange | noratma tan sêdulur | lir asimpên marta jiwaning | tatas putus wêweka | saulahing ripu | kinawêdèn parangmuka | kasub ing rat ing jagat tigang prêkawis | kastawèng pramudita ||
8. rupaning nayaka lir kamini | sakèh glah-glahing prang anrah arja | ing wanita pambêkane | tan minta baya kewuh | gêmi marang kagêngan aji | kadi garwa kawitan | karyane wong iku | măngka gêdhong pasênêtan | tan darbèni pitênah rowang sabukti | kang lir sang dyah utama ||
9. nayaka ingkang amindha pêksi | atêngkar uning sakèh jajahan | sangking lêpase parane | wrin watêkaning ratu | ingkang sadu lèn ingkang juti | wagêd basa carita | sagung kang angrungu | kêmanisên pan kacaryan | sri ngamănca kêmanisên myarsa warti | tanduk nut tan rêkasa ||
10. nayaka lir curiga amingis | lajêring kutha tangkêbing praba | tatah wadung ing aripoh | ampuh kinarya panduk | darba loba ambêk bèrbudi | sinambi mukti boga | dènira amulut | mulut tyasing wadyabala | iya iku kang dadya curiga mandi | yèn tan duwe kuciwa ||
11. utamane narpa anduwèni | mah bupati astha wara brongti |[17] Sang Yyang Endra purwakane | martani naya anung | bratyapati[18] lèn warga tani | pinrih ambapa biyang | umarèng sang ratu | wadu wadama[19] [wada...]
--- [76] ---
[...ma] sinungan | ing mas arta busana boga mêmanis | lumintu datar pêgat ||
12. mring wadyane tansah ngarih-arih | dina ratri kang nèng pasewakan | datan pêgat pituture | Sang Ywang Yama dwinipun | nora pêgat dera ngulati | wadya kang ulah corah | ingungsir kêlangkung | sawêwêngkoning jajahan | iring-iring wanarga nadyan angusi | tambining sagra jala ||
13. tumrap mawa băndha dèn bandhani | nora owêl ambuwang sêrana | katêmu samya pinatèn | yèn ana tobat tuhu | manahira marang abêcik | winlungsung ingapura | kaping têlunipun | watêke Bêthara Surya | kuwasane ngumpulkên gêdhong mas picis | sandhang kêlawan boga ||
14. amênuhi nawa rêtna luwih | nanging tan mêtu sangking karenah | mijil sabênêr-bênêre | yèn ing arta pinupul | silarêna sikara budi | donya kukuh raharja | pan turun-tumurun | maring putu buyut canggah | kang tan sarèh mung saumure pribadi | akèh kang nora lawas ||
15. kaping pat Sang Ywang Căndra kang brangti | ngudanakên sandining akswara | myang kang mring ngês-ngês kêlangon | bijêksana marmadu | angenggani lambang kêkawin | rêsmining priyêmbada | pujăngga swara rum | nyênyah mrêbuk swaning puspa | ing kalangwan pan ora mindho gawèni | kapănca bayubajra ||
16. nora keguh pakewuh ing wèri | adoh parêk kawêwês tan kontap | datan ana wêwangêne | sabudining tumuwuh | dipun pusthi ciptaning wangsit | swara bêntar barungan | tan nêdya rinungu | anging ciptaning wardaya | kang pinusthi têguh bêking tyas tan mosik | osiking wong kawruhan ||
17. ping nêm brangtane Sang Wisnumurti | patrape tan arsa ngalêmbana | gêdhe cilik mring wadyane | pan jatining amêngku | kanyataan lir sadurunging | dadi jagat patingkah | sampurnaning dulu |
--- 77 ---
tan kandhêg ing warna rupa | yêkti rusak tingal maring kang kadêling | yêkti alêm winada ||
18. ping pitu Ywang Baruna gumanti | wus kapusthi kang wolung prêkara | wus kagêm ngèpèk-èpèke | sak bêking rat ingapus | wus kapusthi watêke wêgig | kang dadi trang saanggya | rat raya ginêlung | nirnakkên salirning guna | nora măntra nyirêp ing wadya gêng alit | tur lumuh kaungkulan ||
19. ping wolu Sang Ywang Brama mandhiri | jagat sinêkung dening Ywang Brama | kawêngku ing migênane | kinarya jagèng kewuh | tumêkaa raina wêngi | mungsuh wus kauningan | bêbaya sinêkung | rumêksaa ing jajahan | pinggir desa lêbak wukir dèn sinungi | srêngga graning cundaka ||
20. aja pêgat ngulati jalma di | yèn wis olèh maning ngupayaa | wong krêtiyasa bèbète | ing atata sadu wruh | iku măngka gandaning bumi | wong tuwane pyuh mulat | patrape sang ratu | pinăngka pikukuhing tyas | anirnakkên gêlah-gêlahing nêgari | ngarjani kawijayan ||
21. sasat darbe masêlat sak wukir | nata darbe prawarastha brăngta | tinênga parangmuka kèh | sasat kutha masusun | tlatar waja pyarsaning biting | kapurancang trisula | sampat kang wêwuruk | Wibisana smu karuna | nyundhul atur yèn durung patya mangrêti | katulyan kang amêjang ||
22. pangran dipati tansah ngabêkti | wulih-wulih kang rama ngandika | ratu mono sayogyane | nurutèng nalar ayu | nadyan aturing lare alit | yèn umarèng raharja | ingagêm ywa malu | aja kaya Sang Daswaswa | ratu digung duk Kumbakrêna tinangi | sang anom tapa nendra ||
7. Sinom
1. karane tapa tan sotah | mulat polahing kakang ji | anglugur [anglu...]
--- [78] ---
[...gur] pindha kunarpa | ginugah nora ngulisik | tambur sèwu lan bèri | gajah rata lan kuda gung | nèng dhadha parêng ngêrap | ciptane lir dèn sindhèni | tandang mangsah idêping mata binubak ||
2. kagèt anggro trêrataban | krudha muntab dupi aring | Dasaswa prapta bojana | saha ginănda sang ari | jênu mar jêbad amrik | sindu mawar kêsturyarum | sumbaga adi mulya | kake krawistha hèr thathit | makutha bra pucaking rêtna makatar ||
3. sila dhêku Kumbakarna | sinuba-suba kêpati | ing kaka ingupongkara | tan măntra kadang taruni | tur sarywa dèn tangisi | sang ari mulat mring prabu | angrês pangling ing rupa | muka kucêm biyas putih | kêtêr-kêtêr kêkêtêgipun lumaras ||
4. panêngran gêng bayontara | măndra alon dènira ngling | antên nora kaya kita | bisturu kêpati-pati | tan wruh satru nêkani | wênara agung angalup | muntab ngêbêki papan | prawara laga kèh mati | paman patih wrêda kasambut ing rana ||
5. tan lyan ingkang ambrasthakna | mungsuh digbya sura sêkti | tan lyan amung ari kita | sirnakna Dasratasiwi | kang kawayang sabumi | dera sih marmèng sêdulur | ywa tanggung bêktyèng kaka | kita kyat ing jagat katri | kopya takut salêngkaning pramudita ||
6. iku linge Dasamuka | alon ature sang ari | pukulun nguni kawula | kathah tur kula ing gusti | ingkang kawula purih | raharja tulus sinuwun | pinanjangna kang yuswa | prakapinta sêtyèstuning | mriha lirwa kêpanggih pintên prêkara ||
7. kadang sêpuh kang apurwa | ping kalih măngka gêgênti | ing bapa raja kasarwa | kaping tiga ratu mami | ugranta karya mukti | ing Lêburgăngsa pukulun | tan dhahar atur kula | myang linge kaki Sumali | duk maksihe pun Wibisana kalintang ||
8. tur pemut tan piniyarsa | amung [a...]
--- 79 ---
[...mung] gugu buta ricik | kang ngecani tyas paduka | kang pinrih enggala mukti | sok wis ngrasakna mukti | nadyan têkèng lêbur tumpur | pan wus jamaking dadar | ing nata walêse pati | ciptèng bala wus pinanggih smaralaga ||
9. dene kang ala wus ngênthar | tan wontên winalangati | paduka ngrèh pramudita | akathah ingkang tinolih | rubêd ngrêksa nêgari | kaping kalihe pukulun | wrat mantar sining wirya | ping tiga awlas ing abdi | kaping catur wlas dahuruning wong desa ||
10. punapa paduka narpa | tan nêdya pisan ywan lalis | gêsanga wêkasan pêjah | ingkang dirga anglangkungi | mangke dhatêng ing akir | datan sae dadosipun | sangking pangawêl kula | kamipurun ing kakang ji | liya sangking patikbra măngsa puruna ||
11. antya dera nguman-uman | ature kadya gêrigis | kadya cucak andon wohan | upama bèthèt sakêthi | sampun sandeyèng galih | tumuruta kakang prabu | paduka lêkasêna | linging ibu linging kaki | pan kawula nanggêl dukane Sri Rama ||
12. kula kang sagah mangsulna | Sang Mantali nara dèwi | dhatêng Sri Ramawijaya | kêpanggiha ing pun ari | risak praja narpati | kawula ingkang tumangguh | mumpung dèrèng ing măngsa | mêksih kenging dèn pêpulih | Ragutama satriyambêk budi darma ||
13. kasumbagèng jagat raya | Sang Wisnubrata kang nitis | mapan sampun atêtela | prangmuka măndragunasti | sadalêming udadi | kenging wisayaning munyuk | arga ingkang bisana | tinanggulang siji-siji | mupak wukir lir ngrênggut dukut magampang ||
14. lêbih luwih tanpa srana | dènira anambak tasik | mung jriji bajra kênaka | tinahênakên ing bumi | tambining arga kosik | tinuwêk kalaywan[20] [kalaywa...]
--- [80] ---
[...n] kuku | jajag ing rasatala | wênèh ingundha mring langit | gunung rugrug tumambak kadya dipun trap ||
15. tuwin sumindung gêgana | tangan têngên onclang wukir | kang kering ngigêl mêkanjar | sarta sondhère winiwir | kumêndhung ing wiyati | wagyut dening wukir laku | kastawaning palwaga | pukulun dede suwadi | yèn tan lawan panjurunging Suksmantaya ||
8. Pangkur
1. kurda Sang Sri Dasamuka | datan sotah ngrêngwa aturing ari | gêgoboge lir binêsut | gumênjot lambe găngsa | ciplos andik tikbraning panas marungut | tyante dhusthati bêncana | tan mikir ujar ngarjani ||
2. sang lir darpa singa nêbda | Kumbakarna sawadi-wadining ling | kaduk wani cala-culu | kaya mêdèni bocah | dhihin sadulur tuwa pindho ratumu | bok dèn nganggo sawêtara | kumèdhêp kumadi-kadi ||
3. kaya srêngên panakawan | ringong durung tamtu kalah ing jurit | pan durung giris katèngsun | mring Sri Ramawijaya | mêngko sira datan arêp sabayantu | tan angeman sanak tuwa | anging ta ingsun labuhi ||
4. wus bêgjane awak ingwang | binuwang mring sadulur-dulur mami | wirya nistha lara lampus | ingsun sandhang priyăngga | Kumbakarna lir jinait arawat luh | mênêng putêk kasêkêlan | wrating sanak anglabuhi ||
5. wus sanggup ngawaki yuda | suka dadya muka-mukaning pati | ngakasa jawata umung | pemut ngeman sang riya | wus anekad ya ta rari sêdhêng laku | gora prakêmpa gumiwang | gumêtêr ingkang pratiwi ||
6. gurnita robing sêgara | mawak megung gumlêgêr ngawiyati | kagyat gatgada anjumbul | ingkang ajaga jagat | datan nyana Kumbakarna mudhar laku | wus ginadhang dadi dewa | kèlu kapiluywèng juti ||
7. lir pemut sak isining rat | kalociptèng [ka...]
--- 81 ---
[...lociptèng] tyas wus nglalu tan gingsir | kênyaring busana murub | ujwala bra winawas | giri rukma umrêma ulap sing dulu | surya kucêm sor sênênnya | merang ujwalaning rawi ||
8. rodra mawak abiwara | lir bisana muka maringih-ringih | manêdhê[21] astraning siyung | malwèng irung lir guwa | oswa mêsês antar kentar sindhung riwut | puh punggêl kayu rug rêbah | ingkang rawe-rawe titis ||
9. isining alas kabrasat | lêlamate kala dutaning lalis | digda bang udan rah usus | gagak gora gumêrah | teja malang gêgana daru kèh runtuh | kumêdut netra cangcala | miwah bau kanan kering ||
10. mangsêg lir darpa nirbaya | praptèng swela ginrumung wre makêthi | pirang-pirang monyèt lêbur | kang kêsandhung kaidak | kinirigkên kasingsal ing jurang parung | kêsundêp ing wulu parah | wênara lir dèn sujèni ||
11. kêpatêr ing umbêl pêjah | kang kabêntus ing grana tan mindhoni | nêrajang ing kuping lampus | katêmbing idêp bêncah | ting caruwèt kulaweran ponang usus | wre wuwuh pan nora suda | Sang Kumbakarna mangigit ||
12. mangkrak gumêr singa nêbda | wre kapilêng jampêng kèh nora eling | tahor Sang Kumbakarnanduk | niwèng sang graning arga | bajra tiksna parang- parang padhas watu | wre awra ngrubung ring ăngga | kinirigkên sumyur têbih ||
13. kajêblès ing watu wrêksa | ting jalêmpah jurang jro tumpang tindhih | kapêlèthèt padha rênyuh | sulung-sulung mabyungan | sang ariya sêsumbar ja ngadu kênyung | padha wos jayèng mijayèng mijaya |[22] rok bănda nawung kasêktin ||
14. tandang wre wira mangulyat | mangku sara bêbalang lir grêrigis | kayu gunung lawan watu | samya tiba ing dhadha |
--- [82] ---
padha lêbur mung simbar jaja kang mawur | ingkang kêcandhak lêburan | ginilut myang dèn kêmahi ||
15. bêbugang pating tulalang | ting gêlimbung gêgêmbung mêlês gêtih | wirodra giris anggrêrus | buyar ambyar sasaran | pêlayune angicipir mungkur wêdhus | Anggada wangwang garjita | lir Sindura muka wêngis ||
9. Durma
1. amit nêmbah ing Sang Sri Ramawijaya | nuwun nugrahan aji | pangastuti măntra | sinuwun mung paduka | kapusthi ing siyang latri | wus ingestonan | tandya lumarsèng jurit ||
2. wantêring tyas lir mimis ucul sing tinggar | lir darpa gajendra ngrik | ri têkap kawangwang | sang riya ngulap-ulap | pêtêng mega angawêngi | wêdananira | nirat dan doh dumêling ||
3. Kumbakarna nangling[23] kras sapa ranira | ngakua dèn sayêkti | nora wurung lina | nangling sang tinakonan | ngong wêkaning Mraja Bali | Prabu Anggada | winuragèng ring gusti ||
4. ngling Kumbakarna iki kang ran Anggada | ngong durung wruh ing warni | ratuning apongah | Anggada kaya sira | bapakmu ingkang matèni | Ramawijaya | mêngko dera kulani ||
5. sira ingkang jênêng tan wrin tanpa ngrasa | wus kêthèk mikul isin | mung kêlulun sira | dening enaking sêga | anarsa kang pulih gêtih | sinatru iya | wringut Anggada sêngit ||
6. daut wrêksa sakol tininggil mêkanjar | binalangakên aglis | kêsangsang kewala | rondhon mawut tan lara | Anggada cinandhak kêni | mamprung binuwang | tiba wurining wukir ||
7. sirna larut sakathahing kapi bala | Wibisana matur mring | Sang Sri Ragutama | ywa umênêng paduka | yyan tuwan tan mijayani | pandugi kula | lir srah atma lêbwapi ||
8. kyati sarat kakang Arya Kumbakarna | jagat tigang prêkawis | mitakut sêdaya | ering dhatêng pun [pu...]
--- 83 ---
[...n] kakang | mila kèringan sabumi | pun Dasamuka | Kumbakarna kang mawi ||
9. sang aulun raose manah kawula | pragosa sakathahning | kadi datan năngga | mring kakang Arya Kumba | sapa rêngên lir sinêbit | palwaga raja | Wibisana ywan angling ||
10. dadan nora nawani sêdulurira | Sugriwa ingkang wani | nadyan awuwuha | kang kaya rupanira | winuwuhana rong kêthi | ngong durung ulap | rok băndawala pati ||
11. nangling Wibisana ora Ki Sugriwa | awèh ujar nglarati | mêngko yèn asiha | gon ingsun akêkadang | supaya ingsun ambalik | mung Sang Sri Rama | trêsnèngsun pyuhing ati ||
12. ngêndi ana sêdulur pinlaur liya | mung awak ingsun iki | nadyan ngong balika | nora balik wênara | satêmah nglêlara ati | sênadyan ingwang | mring Sugriwa tan wêdi ||
13. sak sêdyane ngandoni sura mêrwata | padha ngadêg sru runtik | gancang Sang Lêksmana | nyandhak mring Wibisana | tangginas sang marut aglis | nyikêp Sugriwa | wus samya kon bêdhami ||
14. pinulih-ulih dening Sang Ramadewa | kapi raja nulya mit | mangsah ngadilaga | sarosa daut wrêksa | gorarupa wus tininggil | kumêndhung pangnya | sêsumbar amêlingi ||
15. lah ta iki rupane Raja Sugriwa | kang sanggup nêmbadani | mring Si Kumbakarna | gumuyu Sang Ariya | kadya gêrah manêngkêri | payo lêkasna | tahor nulya anggitik ||
16. tan mikara mawur mantraning Simbarja | wrêksa galêpung ênting | Kumbakarna mustha | wrayang limpung pra ditya | upasing tikswa lir thathit | duk kawistara | sangking wiyat Maruti ||
17. wus dinuga yèn kang paman datan năngga | lumêpas kang jêmparing |
--- [84] ---
kadi endrajala | gancange Sang Anoman | limpung sinambêr wus kêni | ingêmbat patah | linandhêsan ing wêntis ||
18. sru bramatya kang paman wêngis sojarnya | liwat ala Maruti | agawe kêmaga | wus sun ungali dhadha | tan lyan sêkti mung Maruti | awade karya | arsa ngêndhih mring mami ||
19. sangêt jrihnya wau Sang Bayutênaya | mêsat ngambara langit | Kumbakarna krudha | kapupug kang sênjata | anyrod nyandhung gunung curi | kentas lir sawat | nibani prawara ji ||
20. tanpa bisa kitimbis[24] ing gunung wungkal | lir kunarpa tan osik | kari kêkêtêgnya | sangêt dènnya kantaka | Kumbakarna malayoni | suka magirang | ingkang dhinandhang kêni ||
10. Dhandhanggula
1. kapi raja jinunjung tan sari | dening Sang Ariya Kumbakarna | binapong ingêmban ajong | tandya binêkta mundur | sarta ênting sukaning ati | kabêkjan kabêrayan | olèh monyèt ratu | sun aturne kakang narpa | mêsthi bungah olèh munyuk palak aji | kinarya dolan bocah ||
2. Anilatmaja dupi angèksi | nora lidok bilai jêng paman | mêsthi tumêkèng tiwase | paran gon sun têtulung | rinêbuta kalaywan jurit | kapindhon rinuntikan | kewran arawat luh | Anoman gya tiwikrama | ngikêt bayu sapuluh ngidid sumilir | katamèng sang kantaka ||
3. kagyat Sugriwa dupi anglilir | gêgêtun dene anèng êmbanan | dènnya tan emut angraos | Anoman tulung bayu | cipta pêsthi ngong banjur mati | yèn ta aja anaa | anakku wong bagus | alon anglirik tumênga | anglêlimpe asta kalih ngrangsang kuping | sarwi angrakot grana ||
--- 85 ---
4. dhadha dinêdêl ing kuku lungid | kumarêkêt mêsat kuping timpal | ponang irung wus kapronggol | Sugriwa layu[25] mundur | olèh irung lan kuping kalih | Kumbakarna anjola | rah lir dhatu mancur | kuwur dadya kêlintingan | kapilênglêng kêloyongan niba tangi | lali purwa duksina ||
5. kapi raja sumêsêp ngarsaning | Sang Sri Rama kuping Kumbakarna | lan irung sinaosake | Wibisana kumêpyur | murca tyase merang tan sipi | mundur sangking ngajêngan | makuwon angrungu | sang kaka sambat mlasarsa | kelintingan tanpa irung tanpa kuping | sambat ri Wibisana ||
6. lah têdhanên awak ingsun yayi | mring Ramadewa glisna palastra | awirang ing jawata kèh | kênyaring surya tèngsu | bumi langit ingsun isini | Wibisana umêndhak | suh tikbra manêpsu | dhuh kakang kawula bela | Kumbakarna sêbdane dhuh aja yayi | wis bêcin[26] prênahira ||
7. ywa kapiluyu papa lir mami | sapa kang duwe kutha Ngalêngka | sira yèn tan bêkti marèng | Bêthara Rama Prabu | wong wus dadi arêp badhèni | mung têdhanên wak ingwang | sampurna glis lampus | aywa wèt dadi tontonan | bêgja sokur dipun astaa pribadi | Sri Rama lan Lêksmana ||
8. kapi bala nonton ting jêrabing | gambira girang gora gumêrah | mêncak mêkanjar anglètèr | ngungak ajumbul-jumbul | lincak-lincak wênah anjungkir | Sang Arya Wibisana | kang manah sumaput | kadi katungkêban wiyat | pêlarasan wangwang wus prapta ngarsaning | Sang Sri Ramawijaya ||
9. pukulun dewa ji tadhah runtik | gusti awlasa pun Wibisana | padukarya glis pêjahe | sampun [sampu...]
--- [86] ---
[...n] tupiksèng ulun | pun kakang ngong tan sotah ngèksi | mèsêm ngadêg Sri Rama | gandhewa tumiyung | gumrèt astra lir gurnita | ri Lêksmana parêng nglêpasi jêmparing | baune loro tatas ||
10. Kumbakarna asru ing pamuji | hèh Ramadewa atur panêmbah | tyante tarima tyas ingong | suka rêna kêlangkung | palimarma sih paduka ji | kapundhi ing mastaka | angsung pemut ring sun | Kumbakarna pan wis tuwa | tanpa ngrasa pati-pati pêpirsani | tan darbe babot[27] timbang ||
11. karan kuping karo dèn rampasi | iya wêruh sêsmitaning dewa | ngambu-ambu salah gawe | dadya irung pinruthul | tangan kalih dipun rampasi | pati-pati cinandhak | sru panuwun ulun | Sang Ariya Wibisana | amlasasih aturnya mring narapati | pukulun enggalêna ||
12. Sri Rama tandya ngayat jêmparing | parêng laywan Sang Ari Murdaka | kumilat parêng ucule | suku ingkang tinuju | pan wus rampung sukune kalih | rubuh Sang Kumbakarna | swara rug gumêbrug | lir gunung sèwu gumiwang | kêlosodan măndra alon dènira ngling | hèh Sang Rama Lêksmana ||
13. sih paduka kang rêntah ing mami | tyante sangking nugraha katêdha | amunggêl suku ngong karo | pan iya awak ingsun | ora duwe pandum pamilih | pati-pati lumampah | tan wruh ing alarju | Kumbakarna gêlundhungan | wali-wali mung titip daging sak suwir | Wibisana mulyanya ||
14. ngling Sri Rama aywa walangati | mring arinta ari mas Singgêla | Wibisana sru tangise | dhuh gusti sampun tanggung | pêjahêna pun kakang nuli | Sang Sri Rama Lêksmana [Lê...]
--- 87 ---
[...ksmana] | astrane tumiyung | amanthêng gandhewa yuda | wus lumêpas parêng wêrayang nibani | ing murda wus katigas ||
15. timpal kawur katut ing jêmparing | Kumbakarna prajurit prawira | gêgêmbung nglêburakên wre | Sri Rama langkung bêndu | sinênjata prêcăndha angin | pan wus sirna byuh ilang | antara ri sampun | Kumbakarna kasumbaga | mati dening Sri Rama laywan kang rayi | Sang Nararywa Lêksmana ||
16. duk ngrêngwa Dasamuka sru nangis | luh bêrabas alantaran uwang | sumamburat ting durèwès | tibèng salang kumucur |[28] kucêm kêtêr wancining miris | kêtêg margup lumaras | saya [...]ndrês[29] kang luh | krêrasa mungsuh langkung wrat | agul-agul kang surèngrana sirnanting | limut sajroning lênggah ||
17. cêngêng tan kumêdhèp kang pangèksi | satus pamênggah satus pandurat | sinusun ing sungkawane | madêg sang anak anung | Dyan Endrajit lumarsèng jurit | sakadange sêdaya | tumpês ing prang pupuh | nora kanthi nora kăntha | Dasamuka manguntar-untar ing ati | ngrudana mawalikan ||
18. kadya rare tinilar ing bibi | pênangise Sang Sri Dasamuka | liwat luwih sêsambate | katuwon awak ingsun | dadi ratu manggung prihatin | tinilar wadya kadang | saya ngantu-antu | anakku lanang tumpêsan | upamane taru agung ingsun iki | tinêrês tinutuhan ||
19. pan wus sumrambah watêking jalmi | bisa nêlăngsa krêrasa-rasa | tan ngrasa alane dhewe | pan winalês winangsul | utang pati anaur pati | wirang anaur wirang | Dasamuka iku | ratu crêrakah[30] durbala | wis mêngkono
--- [88] ---
prandene mêksih jaguri | mring wil kang matur palang ||
11. Asmarandana
1. Prabu Mêngkurat smu kingkin | kèndêl dènnya jarwani srat | tinawang kang putra dèrèng | anêdhas maring pamrêdya | kulup gon sun carita | kongsi lir dhalang agalur | darapon sira èstokna ||
2. rasane sawiji-wiji | patrap kang ala raharja | kang tulus kawêkasane | karane ratu kang kuna | sêkti sumbaga guna | katriku prêrabotipun | sawiji tan kêna dhindhal ||
3. ratu mêngko nora sêkti | sêmbulih yitna istiyar | sumbaga kasugihane | guna maring ing kawigyan | nadyan ratu sugiha | tan laywan ngrawit ing kalbu | yèn kêmbanga tanpa gănda ||
4. kaya kêmbang wora-wari | amung abang morah-morah | upama sinumpingake | ngucêmi maring wêdana | ratu guna tan băndha | kêmbang kalak paminipun | amung sêkesuk wanginya ||
5. suwe-suwe bêbosêni | samepyane kaya tirta | tan ana ganggêng lumute | mina uyang tan kêrasan | ratu kang guna băndha | lir murtyèng dyah widada rum | sapa kang nora kedanan ||
6. kang putra ngandikan enjing | kongsi srêngenge lumarap | duk samya pinrak panêpèn | sruti laywan nitipraja | solahing ngastha brăngta | nistha madya tamanipun | sak rèhning mêngku nêgara ||
7. ing praniti wanti-wanti | samoa tan kalikihan | nging pangran dipati anom | tan patya ngrukun pamêjang | amung asrêng smu waspa | narka yèn kang rama prabu | mèh rawuh ngari wêkasan ||
8. kunêng sang amrêdyèng siwi | ya ta ing alama-lama | gênti warsa antarane | grêrah ngranuhi jêng sunan | praptèng antakanira |
--- 89 ---
sampun karsaning Kang Luhur | datan kenging ingusadan ||
9. dilalah rawuhing jangji | mur kondur nêgara rahmat | nuju ing Sêptu Kaliwon | Jumadilakhir sasinya | wancine sirêp jalma | tiga likur tanggalipun | taun Alif sinêngkalan ||
10. ardi kalih rasa tunggil |[31] otêr wadyèng Kartasura | jron pura gumrah tangise | dene pangeran dipatya | polahe bilulungan | wira-wiri datan tumut | ngurmati layoning rama ||
11. wong kadipaten abaris | partyastra srêsêk kang sara | jêjêl baris srimêngantos | prajurit dalêm kêrigan | tugur ngubêngi pura | pratiwèng jro nyothe suduk | samya lumêbu sêdaya ||
12. karane surti ngatyati | ana kang winalang driya | kang layon sampun sinucèn | antya Jêng Ratu Kêncana | anungkêmi kang seda | myang ratu kulon pra maru | kang tangis ambata rêbah ||
13. pra wayah nèng dagan nangis | dene pangeran dipatya | kontrang-kantring ngungak bae | kalepat mring paregolan | layon sampun kinapan | datan kawarna ing dalu | enjing pangeran dipatya ||
12. Sinom
1. pinarak ing paregolan | srimênganti bêk kang baris | pratiwèng jawi kawarna | wadya gung gumuruh atri | sagung para dipati | jêjêl paglaran supênuh | samya saos parentah | myang pasisir măncanagri | aprituwin sêntana pangran têtiga ||
2. Kyai Patih Sumabrata | matur mring pangran dipati | rama paduka têtiga | canthèl atur ayun uning | layoning rama aji | pangran dipati sru muwus | sakarsane yun wikan | mring sêdulure pribadi | gya ki patih ngirid pangeran têtiga ||
3. Pangeran Pugrê lumampah | ri Pangran Arya Matawis | myang Pangran Arya Panular |
--- [90] ---
pangeran dipati maksih | regol dèn pinarêki | kèn lajêng pangran katêlu | praptèng kêdhaton mulat | mring layone kang raka ji | pangran tiga sami anungkêmi pada ||
4. tan kêna tinahên ing tyas | mudrawèng samya smu tangis | sêkêling manah gadgada | Pangeran Pugêr Dipati | waspandrês dèn usapi | layoning raka rinangkul | dakar kang sinungkêman | ana cahya anêlahi | pucuk kalam gêdhene mung samarica ||
5. kacatur adêging kalam | kadya anêmbramèng rêsmi | ri sêdhêng mangrurah sinjang | pangran kacaryan ningali | mangsah cinêcêp aglis | lumarap cahya tumanduk | mari adêging kalam | wus karsaning Yyang sang ari | yyan nurbuwat angalih ing Kapugêran ||
6. tan ana wikan ing cahya | kang rayi pangeran kalih | Panular Arya Mataram | mung Pangran Pugêr Dipati | kalilan gênti waris | mêngku tanah Jawa winung | alus bêbudènira | bêgjane nibani pêsthi | dene pangran dipati dadia nata ||
7. ratu wêwêla kewala | pangran katiga wus mijil | lajêng maring pênangkilan | layon dèn angkat tumuli | gumrêdêg para alim | miyos paregolan kidul | mantri gêdhong sêdaya | kang dhèrèk layon nêrpati | Pangran Pugêr anuduh putra sajuga ||
8. andhèrèk layoning uwa | Dyan Suryakusuma ngiring | sri sori ratu kêncana | tumut layoning raka ji | reyal sèwu tan kari | kaskayanira sang prabu | dudu wêtuning praja | pan puniku reyal muklis | iya sangking karingêt nata priyăngga ||
9. anunggil lêluwurira | layon sumare Magiri | kunêng sang kari winarna | wau pangeran dipati | ngandika mring Pêpatih | Sumabrata priye rêmbug | nuli ngong madêg nata | ature rêkyana patih | botên mawi amatêdhani [ama...]
--- 91 ---
[...têdhani] uninga ||
10. dhatêng Kumpêni kang sarta | mrêcayakakên jêng gusti | ywan arsa jumênêng nata | gêntosi ramanta swargi | gèdhèk pangran dipati | besuk yèn wis madêg ratu | luwih bêcik prêcaya | saiki sun tan apti |[32] wis mêtua ingsun arsa bêbasahan ||
11. sakèhe para niyaka | poma aja na kang mulih | Sumabrata nêmbah mêdal | sayaga pangran dipati | kêkampuhan tur sarwi | suraweyan astanipun | ngumpulakên parêkan | myang tinuduh ngampil-ampil | upacara kêprabon mêdal sêdaya ||
12. wani jro suwe tan pêpak | bawaning maksih prihatin | ana kang mêksih karuna | kagurawa mring kang swargi | lyan ngumêl-umêl sami | pangeran ingamu-amu | pangran busana sarywa | parentah ajêlah-jêlih | kêsusune kaya anaa kang ngrêbat ||
13. kawarnaa pagêlaran | prajurit jro samya baris | kadi wiyosan kang swarga | jêjêl samara dipati | bumipala pra ngalim | sakancane ki pêngulu | kêtib modin prêdikan | suranata para kaji | myang Pangeran Sarif gurune kang swarga ||
14. têtêdhakan sangking Arab | sinuba-suba ngurmati | kêcatur kala rawuhnya | mêntas nyalatakên sami | lajêng mring păncaniti | pinalih kang para kaum | ngiring layon saperang | kang kantun lajêng sumiwi | tan antara gya miyos pangran dipatya ||
13. Dhandhanggula
1. awurahan lir swaraning pêksi | Pangran Dipati Pugêr garjita | rumêngkah ngraos sêpuhe | èngêt wêwêlingipun | ingkang raka sinuwun swargi | mawanti kèn ngrêngkuha | mring sang narpasunu | lir putra antuk ayoga | pamomonge myang karsane ingkang [ing...]
--- [92] ---
[...kang] nisir | yya ta amalangana ||
2. dan lumayar mêthuk mring sitinggil | pangran dipati nêbda mring paman | kawula yun madêg rajèng | idin andika jurung | ing kêprabon kula ta mangkin | kang paman aturira | pan sandika ulun | gya tindak mring pagêlaran | Pangran Adipati Anom wus ngrênggani | pinarak ing dhêdhampar ||
3. ampilan pusaka amrêrapit[33] | Pangran Pugêr jumênêng ing wuntat | saha asru andikane | ngèstrènana sêdarum | pra niyaka bupati mantri | kawula Kartasura | gêdhe cilik iku | pasisir măncanêgara | lamun sutèng ulun pangeran dipati | ngong junjung madêg nata ||
4. anggêntyani kangmas sunan swargi | dèn jumurung sagung kang miyarsa | wadya gung mastuti kabèh | samya asaur manuk | Sumabrata jêngèk malangkrik | nudingi mring pangeran | pangucapnya asru | dhuh pêngeran pindho karya | boya kudu ingadêgakên nêrpati | kangjêng prabu taruna ||
5. sampun jumênêng nata pribadi | pan nêbda ampang-ampang tumumpang | kadi sampeyan patrape | Pangran Pugêr kumêpyur | sakamantyan sak wirang isin | anglirih tyas mar mukswa | amaos têngawud | Ya Alah angudubilah | wus katrucut pamuwus tan kêna wali | rêp-rêp tyasira pangran ||
6. gya mundur lênggah nunggil kang rayi | kang lumiyat samya marmèng driya | Sumabrata majêng age | ngujung pada sang prabu | gantya para mănca dipati | kumrubut ngaras pada | myang pangran têtêlu | atur salam mring narendra | tan adangu nulya kondru[34] sri bupati | ginêrbêg pra biyada ||
7. rawuh kêdhaton sri narapati | wong jro pura angumpul sêdaya | anulya Jêng Ratu Kilèn | ingundhangakên [ingundhangakê...]
--- 93 ---
[...n] sampun | Kangjêng Ratu Agêng kang nami | ibune sri narendra | [...] | putrane sinuwun swarga | mung satunggal nanging pangeran dipati | garwa lyan tan pêputra ||[35]
8. atanapi ingkang para sêlir | nunggil sabên ana ingkang wawrat | dwi sasi tigang pêncarong[36] | yèn Sang Ratu Kulon wruh | pinaranan mrêsănja nuli | dumadak nuli ilang | ywan priyayi manggung | nuju gêgadhuhanira | nora tarab dèn jak pagujêngan sarwi | dipun balang ing sadak ||
9. tan kongsi rong dina grajag gêtih | langkung lêmbat pilih kang uninga | paekan sing Ratu Kulon | dursila jroning kalbu | panêdyane anumpês wiji | aja na kang patutan | liya sriranipun | jinurung ing iblis laknat | nadyan ana uninga mêntarna ajrih | garwa langkung sinihan ||
10. nahên parentahnya sri bupati | pra dipati kin mêkajangan |[37] pasebane dhewe-dhewe | yèn sampun mitung dalu | sidhêkahe sinuwun swargi | binuwak kinèn bubar | kêbêk ngalun-alun | datan kawarna sêmana | praptèng dina Soma sang nata tinangkil | gantya pangkur sêkarnya ||
14. Pangkur
1. kang wadyakoswa mêlatar | tan kaliru lir wiyosan kang swargi | rumênggèng dhampar sang prabu | ngandika mring pêpatya | Sumabrata mêngko si suda[38] sun junjung | sumêngka dadi bupatya | wêdanane wong panumping ||
2. arane Arya Mêndura | wus mufakat sagung ingkang anangkil | wontên malih kang cinatur | abdine sri narendra | kinasihan kala kadipatènipun | wite prêranakan Cina | têtiyang sangking Sêmawis ||
3. rinêngkuh warga kinadang | tinariman Mangunrana kang siwi | anyêntana [a...]
--- [94] ---
[...nyêntana] bêngkokipun | sèwu tri atus karya | aranira Pusparaga kalawau | mangkya kinulawisuda | namanira dèn salini ||
4. nama Panji Jayaningrat | ingapura mênawa dosa pati | kagugu saaturipun | winênang saba pura | nangling malih sang nata mring patihipun | Sumabrata kongkonana | sira awèha upêksi ||
5. Wêlănda kang nèng Jêpara | Si Kumêndur Sêlup Driyansah tuwin | Si Kapitan Kênol iku | kang jaga ing Sêmarang | dimèn laju mring Bêtawi layang ingsun | mêngko kangjêng rama seda | ingsun kang madêg nêrpati ||
6. ki patih matur sandika | kang dinuta wau kaliwon jawi | amundhi surat sang prabu | kondur sri naradipa | endah srine ginarêbêg para arum | lajêng pinarak ing bangsal | singgahan kang para nyai ||
7. animbali Sumabrata | praptèng ngarsa ngandika sri bupati | bapa matura satuhu | gon ingsun madêg nata | kira-kira sapa kang dadya pakewuh | myang sêntana paman-paman | sapa ingkang mêlanjêri ||
8. umatur Ki Sumabrata | gusti datan wontên karasèng galih | satunggil wontên sinuwun | amba ajrih matura | sri narendra mèsêm angandika arum | ingsun iya kaya sira | mung Paman Pugêr matiri ||
9. nadyan ora apa-apa | pambêkane paman lêmbut awadi | lan wus tatya kridhèng pupuh | duk madêg sri ngalaga | wikanang rat mênawi cuwa kêduwung | nguni mawênês ing kaka | sapungkure rama aji ||
10. ywan melik mangun wikrama | ana lire ewuh panduga mami | ywan atma mêksih sun wêngku | dhiajêng nèng kêdhatwan | kaya nora kêlakon salah ing kalbu |
--- 95 ---
Ki Sumabrata anêmbah | dhuh sinuwun bilih-bilih ||
11. mênawi rama paduka | mrih nêgari lila kang putra èstri | abêbantên sang dyah ing rum | atmaja kang kinarya | ing pangulah sandi upaya mrih tungkul | gusti tiyang rêbat pura | tan ningali putra èstri ||
12. sokur-sokur yèn raharja | taha kula anggêgasah ing gusti | kang dados watiring kalbu | mênawi mêndhêm kula | mangun brata anilib jatining satru | anipis pagêring praja | rat Jawa sanggya jrih asih ||
13. ing ramanta Kapugêran | yèn darbea karsa ingkang anyilib | mangsèngi rat Jawa tarub | maha rajèng ramanta | jêng paduka sinuwun sampun kêtungkul | lêhêng dipun ecanana | ingêlus ingarih-arih ||
14. ramanta widagdya guna | nukmèng wadi pilih ingkang udani | mugi sampun darbe kayun | ngêndhak santika nata | milanipun dèn karêksa dèn barukut | paduka nadhah dadara | ngecani wadya sak nagri ||
15. kadi datan pandon karya | yèn kêlenan dhatêng kang sak prêkawis | ing ramanta yoganipun | sampun rakêt sampun crah | wus dilalah ki patih gampil kang atur | sang nata ngling yèn wadhaga | nora ewuh patrap mami ||
16. sêdhêng ginêmpur kinasap | Sumabrata nêmbah wus kinèn mijil | apan sêmana cinatur | garwane sri narendra | putri sangking Kapugran Dèn Ayu Impun | linuwarakên sing pura | wus dilalah sri bupati ||
17. tan emut wêlinging swarga | radèn ayu mantuk ing rama malih | mung antawis pitung dalu | lan jumênênge nata | kang jinunjung ratu pandaming kêdhatun | kang sangking Ngonje dayindra | sinêmbah wong sak [sa...]
--- [96] ---
[...k] jron puri ||
18. kunêng wau kang winarna | Kangjêng Ratu Kêncana nèng Magiri | ngumpulkên kaum andarus | siyang dalu nèng dagan | reyal sèwu sinêdhêkahkên sinawur | pra mantri gêdhong sêdaya | kang dhèrèk wus samya mulih ||
19. amung pinanci kewala | kang nênggani jêng ratu nèng Magiri | Radèn Sudira tan kondur | aptya têngkar prêbawa | madêg baris anèng Mataram kêkuwu | aran dhusun Ngenta-enta | kinarya narubkên dasih ||
20. mahambêk lumêksanèng prang | grahitanya marma tan arsa mulih | êmbannya tansah tur pemut | miwah Radèn Surăngga | ingkang tansah angaturi ngajak kondur | dhatêng nagri Kartasura | nanging rahadèn tan apti ||
21. nangling Sang Suryakusuma | yèn awèta kangmas madêg nêrpati | wis dilalah jagat rêtu | dene ta kacampuran | apêparon badane sasigar iku | jagal sêparo kusuma | tinggal adat duk Matawis ||
22. lah iya măngsa ajêga | parentahe dene ratu tan murni | mêsthi sêbawane rusuh | wantu campur kulanya | wus dilalah swargi uwa tan sêsuku | lan wa duhita Sumêdhang | garwa jagal kang miyosi ||
23. pratăndha karsaning Suksma | mratelakkên apêse uwa aji | apan wahyuning kêratun | wiji tan kacampuran | jalu èstri kang minăngka garwanipun | apan naluri Mataram | nurbuwat karaton Jawi ||
24. apan duk swargi kang eyang | Kyai Agêng myang Kangjêng Senapati | warise wong dadi ratu | kongsi têdhak-tumêdhak | dhimin-dhimin kakang Surăngga kang tulus | kang padha asomah kadang | luhur têtêp natmèng bumi ||
25. yèn somah wijiling corah |
--- 97 ---
tuduh cupêt nêdya mungkasi wiji | norapti nurunkên ratu | duk swargi kangjêng uwa | mring kakangmas abangêt pamulangipun | swargine Bak Ayu Lêmbah | pracinane mratelani ||
26. ewa dilalah tan kanggya | ringong mêngko sumêdya ambêk pati | ngadêg lumêksanèng ripu | jamak wong rêbut praja | kalah sirna yèn mênang mêsthi angukup | dudu wong rêbut nêgara | yèn wêdia angêmasi ||
27. lah payo kakang Surăngga | ngirupana wong kiwa têngên iki | nahan dyan wus madêg ratu | Prabu Pênatagama | Dyan Surăngga cinarita nalaripun | apan têdhak Kapurbayan | kaipe marang sang pêkik ||
28. nungkul kabèh wong Mataram | miwah Kêdhu Bagêlèn kopya maswi | wus andadi barisipun | akathah wong suwita | wus akarya krêraton myang alun-alun | Sêptu pan wus miyos watang | Ngenta-enta dèn kuthani ||
29. bala salêksa rong sasra | wus karya pratiwa bupati mantri | pêpatihe êmbanipun | mangran Ki Amongpraja | kang kinarya pamugarining apupuh | sira Rahadèn Surăngga | têtunggul pangirid baris ||
30. kawarna Ratu Kêncana | kang atêngga layon anèng Magiri | ing siyang latri andarus | sidhêkah nora kêndhat | langkung kathah kaum pajimatan kumpul | myang kang têbih-têbih prapta | gumriwis kang para santri ||
31. sêmana pan kagegeran | Kangjêng Ratu Kêncana gya angili | ngetan anjog Gunung Kidul | miyos ing Pamasaran | sampun rawuh Ratu Mangkurat ing Sanggung | pinêthuk wong
--- [98] ---
Kartasura | kawarnaa sri bupati ||
32. atbuta[39] dupi miyarsa | lamun Radèn Suryakusuma balik | pangraose sang aprabu | kinèn marang kang paman | Sumabrata tinimbalan gupuh-gupuh | myang pratiwèng jro mêcapat | asru ngandika nrêpati ||
33. kaya ngapa Si Sudira | yèn dudua paman ingkang ngajani | wong gêrang nêdya tan sadu | dèn age Sumabrata | Paman Pugêr undangên mring alun-alun | yya kari sak brayatira | myang bature gêdhe cilik ||
34. sipat lanang bêthèkana | aja ana kêkêrisan sawiji | lurah-lurah dèn barukut | wêdhung pangot singgahna | lan bupati barisa ing alun-alun | pasisir măncanêgara | dèn sumêkta ing ajurit ||
35. Sumabrata nêmbah mêdal | lurah gandhèk kang dinuta nimbali | pangran sagarwa myang sunu | lampahnya sigra-sigra | datan wiyang kang tinimbalan dan rawuh | pangeran wus nèng paglaran | pinanggihan mring apatih ||
36. pêpak kang para dipatya | pra sêntana pratiwa kang ngubêngi | prameya mantri supênuh | jêjêl ing pênangkilan | jêng pangeran datan gigrig galihipun | kandêl-kumandêl ing Allah | Sumabrata anulya ngling ||
37. pangran tampia timbalan | putranta kangjêng sinuwun yèn mangkin | ulun kinèn mundhut dhuwung | lante para putranta | jêng pangeran sandika sarywa srah dhuwung | sarywa nolih mring kang putra | ingandikakkên asrah kris ||
38. Rahadèn Dipataruna | Radèn Martataruna asrah kêris | Dyan Wăngsataruna sampun | ngêsrahkên dhuwungira | Dyan Sêsăngka Sudama wus asrah dhuwung | amung Radèdèn[40] [Radè...]
--- 99 ---
[...dèn] Ăntawirya |[41] awrat tan arsa asrah kris ||
39. sotya bang andik ngatirah | nyikut katga mênggah-mênggah ngajrihi | sêsêmutên jajanipun | galak panduking ngikswa[42] | dhasar pyayi bang-bang pring prawirèng kewuh | obah sagung pra dipatya | maras tyasnya ngati-ati ||
40. kang rama alon ngandika | Ăntawirya sira asraha kêris | pan iku karsaning ratu | pêsthi sira duraka | yèn matia abăngga karsaning ratu | mapan sira nora dosa | dèn kongsi tumêkèng pati ||
41. angupaya pati apa | sutèng ulun liyan wong mati sahid | ingsun upatani lamun | sira tan asrah katga | Radèn Ăntawirya langkung ajrihipun | wus ngasrahkên dhuwungira | tuwin ingkang abdi-abdi ||
42. Sêstrajaya Banyakpatra | Jiwasuta Jayadrêma atur kris | Ki Sêstrajaya puniku | sutane Surajaya | Tambakbaya Surajaya sampun lampu[43] | saatmaja minungi bapa |[44] Sêstrajaya dadya patih ||
43. angrèh wadya Kapugêran | Surawegya kandêl karêping kardi | rinêngkuh putra pêmbayun | dirèng kangjêng pangeran | para putra pan sagêd kakang sêdarum | mênggêp winragèng bêndara | trahing kartiyasa yêkti ||
44. rowangnya guna nêstapa | duk mêksihe bapa mapan kinardi | gêladhag pakaryan ngayun | arane Sêtrawăngsa | dadya Patih Sêstrajaya namanipun | pantês lawunge taruna | solah têmbunge mriyayi ||
45. cinêtha wong pêpetangan | Sêstrajaya têmbe natmèng nêgari | kala dutaning pasêmun | Ki Patih Sumabrata | mring Pêpatih Kapugêran sêngit dulu | limalas wong kapugêran | ingkang jinaga bupati ||
46. jêng pangran sampun [sam...]
--- [100] ---
[...pun] binêkta | binêthekan pasowane pribadi | sak lèring waringin kurung | saputra garwanira | singa mulat sêdaya angrês ing kalbu | sangking kêdhike kang dosa | mung kèmbèt putra kang balik ||
15. Maskumambang
1. kawlasarsa lir mas rumahab ing warih | kang para wanodya | para putra samya nangis | sêsambate para garwa ||
2. nora kaya kaniaya sri bupati | tan nganggo pariksa | têka sinunduk prayogi | ngajani kaki Sudira ||
3. nadyan silih atmaja jêr tan udani | mapan wus diwasa | duwèni umur pribadi | kangjêng pangeran ngandika ||
4. anayuti kang samya lara anangis | wis padha mênênga | tanbuh kang sira prihatin | pan wus karsaning Pangeran ||
5. lara lina dudu bubuhaning dasih | karsaning kang murba | pinêsthi tan kêna gingsir | ratu minăngka jalaran ||
6. dèn narima lamun titahing Ywang Widi | yèn sira wiyanga | durakanira mindhoni | mring ratu mungguhing Alah ||
7. dadya kèndêl kang samya ngrudasèng tangis | ajrih ing wêwarah | susah tan kampah nayuti | mung mingsêk-mingsêk kewala ||
8. Radèn Ayu Impun tumut dèn bêthèki | cipta ngrujit nala | nyênyêping tingal alindri | gurawa laya milua ||
9. kaniaya dhuh lae kangmas nêrpati | sun sidhêp ragèngwang | madêg ratu milu mukti | munduran têka milara ||
10. lah adèn kangmas Suryakusuma iki | sira awèh dosa | rama ibu tan tinolih | tingalana kadangira ||
11. sagotrahmu kakang padha dèn larani | marga dening sira | kumêndhus[45] rebut nêgari | kang kari kawêlasarsa ||
12. apa baya kakangmas nora angimpi | lamun kadangira | rama ibu dèn bêthèki [bê...]
--- 101 ---
[...thèki] | kakang ginawe tontonan ||
13. para lurah prasamya marêbês mili | kadi taranggana | sêsambat sajroning ati | dhuh Gusti tan wali sêja ||
14. pamênêr pada ukara kang kapusthi | ing dalu myang siyang | mangsuli gêng sihing gusti | satêmah papa kasmala ||
15. minta pamartaning Gusti Alah Kang Sih | mugi winalikna | Gustiku mêngkua bumi | walêsên kang siya-siya ||
16. kang rumêksa krêrig wong sak praja baris | ngalun-alun aglar | sagung kang para bupati | tugur sagêgamanira ||
17. wadyèng măncanêgara lawan pasisir | sikêping ayuda | srêsêk baris tanpa wilis | samya ngrês marma sêdaya ||
18. wong Kapugran kang samya dipun bêthèki | ngubêngi gustinya | brêrundhul myang pangot lading | datan kêna ingkang gawa ||
19. pirang dina tan ana nendra myang bukti | mung lare kang mangan | ingkang sêpuh-sêpuh sami | pan sami mucang kewala ||
20. jêng pangeran kang ginirah ing Ywang Widi | tansah tangat khajat | amatèkkên raga êning | kêjêp tur fana khul fana ||
21. sabên dina aminta nasiring Widi | asru panêkungnya | maladi sêmadi êning | pan anêgês karsaning Sang ||
22. Sang Amurwèng Pandulu kang pinintan sih | kang adarbe iya | sifat sêkawan linuwih | kahar kamal jalal jamal ||
23. sifat ingkang catur lir kalimput ngragi | jumbuhing paningal | kang toh jiwa wus sinung ning | ilham jroning pangabêktya ||
24. nêdya eka trêb-trêb sadalêming galih | ing sak-sêrik ilang | mangkana yèn Sênèn Kêmis | pangran sêsuci kujamas ||
25. siram anèng jron bêthèk gêgănda minging | pasrah sedanira | madhêp karsaning nêrpati | gantya
--- [102] ---
sang anêmbang durma ||
16. Durma
1. sri narendra wus nglampahakên gêgaman | kon bungkar ing Matawis | Banyakwidhe Arya | pêpukuling ayuda | pasisir măncanêgari | myang ing Toyamas | samya urunan baris ||
2. wadyakoswa badhol[46] muntab sing nêgara | mangras kagiri-giri | wutah ngara-ara | lir dhastha marab-marab | kawarna kang dèn lurugi | prabu teladan | atas wus myarsa warti ||
3. ywan kang rama piniseda binêthekan | sagarwa myang para ri | kabubuh linanggar | lagya praptèng Tambêlang | Sang Prabu Tiron sru runtik | tandya sanega | ambadholakên baris ||
4. pamugari Amongpraja Dyan Surăngga | kumrab wadyèng Matawis | praptèng Pêrambanan | nglarug baris Tangkisan | wong Kartasura mrêpêki | prapta ing Gondhang | rodra nêmpuh ing jurit ||
5. sarêng anduk pyuk campuh lir ombak bangkat | rugyèng tinggar ngrimangi | limut swaning obat | wong Mataram apanggah | mangrunjang andrêsing mimis | Radèn Surăngga | wantêr pratamèng wèri ||
6. wadyèng Kartasura pêngawate dhadhal | Banyakwidhe ngawaki | myang prawara kadang | kadya bajo mêmara | manyangkrah mangowak-awik | wong Kartasura | ing wuri akèh prapti ||
7. wong Mataram lir binanjiran selarga | Dyan Surăngga ngukuhi | myang Ki Amongpraja | nêdya makiwul lawan | wong Kartasura ngêbyuki | bubul mawêndran | murud wadyèng Matawis ||
8. iya pira kadare wong angêraman | larut tan măngga pulih | akèh kang palastra | Dyan Surăngga Mongpraja | sumêdya ngungsi ing gusti | prapta ing Wawar | tandya sang madêg aji ||
9. capêng karna arda sura sang nararywa | ngrasuk kêprabon jurit | mangkat nitih
--- 103 ---
kuda | mangran pun samirana | ginêrbêg wadya pinilih | bala sumahab | kang miris sura malih ||
10. myat ing gusti dera prata[47] masantika | mangkya kang anglud prapti | wirèng Kartasura | mungsuh rewang glar mapan | sang madêg nata sêsirig | ngubêngi bala | songsong jênar kinitir ||
11. dènnya kitêr pan sarwi amêsu cipta | adatnya sang apêkik | ywan kala têtêgar | mintonakên kadiran | kudane tan ngambah siti | bênggang saasta | ngantos mubêng ping katri ||
12. mudhak-mudhêk tan bisa bênggang lan lêmah | radèn ngrasa bilai | wadyane smu gêla | sinamun wantêring tyas | pyuk campuh atandang jurit | udrêg agodrag | kacedan wong Matawis ||
13. wus ngucira ngungsi wurine gustinya | Sang Prabu Tiron runtik | mangsah ngranagana | anggrit wong Kartasura | mung wadya lit ingkang pinrih | lir ulung endhang | kang adoh lawan gusti ||
14. ya ta wontên bantu sangking Kartasura | antya punggawa katri | panduking apringga | titir rumusak ingkang | satru pêngkuh ing ajurit | Pangeran Nata | Kusuma sêntana ji ||
15. bratyapati Bumija Ki Mangkuyuda | lan Ki Natayuda ri | lajêng nêmpuh ing prang | angrok bajra prêkatha | manyawur busur lan lêmbing | lir mahaprana | drèlnya andrês kang mimis ||
16. pêtêng gagap mukswèng obat lêbu murla | sumyur bala Matawis | tilar gustinira | Radèn Suryakusuma | anggêgêr madyaning jurit | pikandêlira | mung rongpuluh kang kari ||
17. ginarujug karbin bainèt sinapan | kudanira barindhil | songsonge wus rêbah | ingkang tumrap sarira | sumawur lir burat wangi | dhasar dyan putra | timbul sangkaning
--- [104] ---
alit ||
18. karan madêg nata gêlis sugih bala | korak digdaya sêkti | pinrabutan lawan | mimba Bimanyu raras | rênyuh ramêsing ajurit | Radèn Surăngga | Amongpraja manangis ||
19. adhuh anggèr suwawi dèn gingsirana | ing yuda tan kuwawi | wadya sampun risak | pintên banggi ing wuntat | sarywa gendholi kêndhali | sah mala dhadha | mêgap-mêgap sarywanjrit ||
20. Prabu Tiron kapêkan angrês miyarsa | sigra ngingrê[48] turanggi | lari saha bala | sakarine kang pêjah | wong Kartasura mangungsir | gatining lampah | wingwrin kang dèn tututi ||
21. sang malayya tinut wus nabrang Prêraga | ing Bara kang dèn jogi | kang nututi sayah | mandhêg wetan Pêraga | prasamya apacak baris | kang adol lampah | amung prameya mantri ||
22. sarta sami nitik kuwunira radyan | sigêgên kang kangwarni[49] | sang angrèh nêgara | Sri Narpèng Kartasura | lagya pahêman sang aji | lawan pratiwa | ing jro kalima patih ||
23. Wirarêja kalawan Ki Wiraguna | miwah Ki Surontani | myang Mangunnêgara | kapănca Sumabrata | dahat abicara rungsit | ingkang rinêmbag | tan lyan wau sang kingkin ||
17. Asmarandana
1. ngandika sri narapati | priye Bapa Sumabrata | prêkara kalilip ingong | tan lêga rasaning driya | yèn ta nora sirnaa | Ki Sumabrata umatur | gusti sintên kuwawia ||
2. kang tumandang anyedani | sintên ananggi kang walat | dados rêngkaning krêraton | sumambung Ki Wirarêja | miwah Ki Wiraguna | upamia wis sak gêndul | ngêndêmi tiyang satunggal ||
3. yèn tiyang kathah nginumi | amêsthi puniku tawa | panuju tyasira katong [ka...]
--- 105 ---
[...tong] | bênêr iku kinrubuta | ing ngakèh mêsthi tawa | Ki Sumabrata tumungkul | sumăngga karsa paduka ||
4. rêmbagira tanpa dadi | kasaru caraka prapta | sangking payudan atur wroh | unggul prang Mataram bêdhah | kabur ngilèn rahadyan | langkung trustha sang aprabu | gumujêng angêntrog pada ||
5. wong cumênthaka kumawi | ingkang kaya Si Sudira | pêksa angêndhih maringong | angkuhe kagila-gila | tan kongsi rong ubêngan | lumayu anumbuk-numbuk | wong nora wruh ing awaknya ||
6. ayun madhani ing kami | angait-ait wong desa | sumêkti-sêkti ambêke | kumadi-kadi gumuna | dene nora ngapaa | nusup-nusup kongsi bênjut | gya ngandika mring ki patya ||
7. priye pikirmu saiki | punggawa kang anèng paran | Ki Sumabrata ature | priyogi ninèn[50] lajênga | ambêbujuk rayinta | yèn datan kenging dipun lus | wasisan dipun sirnakna ||
8. kapanujon sri bupati | tinulak ponang caraka | sarta amundhi surate | kintakinira narendra | laris lampahing duta | kang maring nagri Matarum | mêngkana Prabu Mêngkurat ||
9. duk sêmana sinung eling | sangking ature ki patya | anglarihi mring sang katong | lêhêng gusti linuwaran | kangjêng rama paduka | sinuwun suprandèkipun | rayi dalêm Dyan Sudira ||
10. sampun kabur ing ajurit | pratiwa saur kukila | dadya kèli sang akatong | lah iya wis luwarana | pundhutên tokidira | sumpahên si paman iku | ywan ngajani mring anaknya ||
11. nêmbah mêdal kyana patih | miwah priyayi mêcapat[51] | wus prapta pabêthekane | pangeran [pange...]
--- [106] ---
[...ran] wus linuwaran | saputra garwanira | myang ingkang abdi sêdarum | saha pangran sinupatan ||
12. yèn akèna malih kapti | mring sagung para atmaja | sarta dèn alih dalême | dhêkêt lawan pangurakan | ingkang tungguk wus bubar | wong Kapugran wayang-wuyung | kang padha angalih wisma ||
13. susah merang panas pêrih | wong siniwêr sinigenan | marang ingkang amêngku rèh | ciptane wong Kapugêran | lir mina kênèng bara | ngaub purwaning kêmadhuh | putêk kapêtêk ing nala ||
14. myang para atmaja sami | lagya mêmpênging wiraga | ngrês-ngrês kawêwês manahe | tan egar sêkaring nala | mung pangran kang tan măntra | wus limpad saliring kawruh | suka prêcaya lir kilang ||
18. Dhandhanggula
1. nahan gantya kawuwus ing tulis | nagri Bêtawi kang winurcita | duk kala surat dhatênge | saking Kumêndur Sêlut | Hindrik Hansah ingkang lêlaji[52] | pan nêgari Jêpara | kang ngaturi wrêruh | yèn Sang Prabu Kartasura | mantuk marang rahmatolah ingkang siwi | mangkya wus madêg nata ||
2. datan mawi prêcayèng Kumpêni | sêdya apasah ing saudaran | tinggal jangji duk ramane | ratpêngnindiya[53] kumpul | nèng pyarsaning gurnadur sami | Jendral Harvèk Husdriyan | munggèng kantor agung | dadya gilig kang bicara | tuhu cidra atmaja kang madêg aji | tinggal adating rama ||
3. dadya amrih dursila ing batin | rêmbag para ratpêni sêdaya | tinênung bae sêdyane | sampun ngupaya tênung | kang arêga limalas kêthi | titir nêluh nêgara | makan ratu-ratu | kang tênung wus lumêksana | wor pawona mawak mèru birawani | mimba ditya wikrama ||
4. rambut jatha gimbal angajrihi | tinon lir anyunggi jaladara [jala...]
--- 107 ---
[...dara] | kadi gurnita lakune | prapta Kartasura wus | mêsês angin asilir-silir | anjujug jroning pura | wanci têngah dalu | sidhêm kayon wong jro pura | pan kêparêng sang nata nèng latar ninis | mêntas luwaring gatya ||
5. ponang tênung mrêpêki sang aji | anjênggêlêk sang nata sru gundam | mêngkarag titir poconge | dènnya anyapa gugup | hèh wong apa gêdhemu luwih | mangangên tyas dèn nyana | Juru Taman rawuh | manahe dèn eca-eca | ngling sang nata angakua sun takoni | apa Ki Juru Taman ||
6. singa nêbda tênung anauri | aku iki dudu Juru Taman | tênung Wêlănda sun kiye | sapa kang dadi ratu | nungswa Jawa kinèn matèni | baya ratune sira | ngrêrintih sang prabu | ingsun iki dudu raja | pan si paman ingkang jumênêng nêrpati | ngalora mring Kapugran ||
7. wangwang umêsat tênung tan kèksi | sunan kondur maring prabayasa | durung mari gêgêtune | kinêpung para arum | dhêlêg-dhêlêg datan wêwarti | ponang tênung wus prapta | Kapugran anjujug | latar panêpèn sêmana | kangjêng pangran nuju têturuh ningali | wong gêdhene tan kaprah ||
8. wus masi dinarka[54] dudu jalmi | gya matak donga sepi pawona | tênung pinanggihan age | alon pêndangunipun | sira apa setan apa jim | gêdhemu nora lumrah | gya tênung sumaur | ingsun tênung têka sabrang | êndi ingkang dadi ratu pangran angling | lah apa sêdyanira ||
9. ing kêdhaton gone ratu mami | kaku tyase tênung sojarnya kras | aku ya têka kêdhaton | apa wong kuning bagus | tutur mringong kene gon
--- [108] ---
aji | iya kaprênah paman | lawan ika mau | pangeran dupi miyarsa | têka mèsêm Insak Alah sun kang dadi | amêngku nungswa Jawa ||
10. sanggyèng bumi nata amurbani | tênung mojar ingsun cinudaka | ing Wêlănda gêdhe-gêdhe | kinèn ngrêbasèng ratu | apragola nawung kasêktin | yèn wus ratune kalah | parastra dening sun | sun tumpês manungswa Jawa | rewang ingsun kang padha sun kon nêluhi | misah nèng wuri wêndran ||
11. jêng pangeran ngandika wor liring | iya payo sira têkakêna | lêlêmbut asudi gawe | sigra pangeran wau | matak donga kang inggil-inggil | cêracah lawan bêsmah | myang bala sêrèwu | sepi gêni wus winatak | ponang tênung ngêlumpruk awaknya cilik | arupa rare bajang ||
12. pan gumêtêr netrane mucicil | kajuwitan[55] nora bisa ngucap | kadi cêcak tinêmbako | nangling pangran smu guyu | lah wis kalah lungaa aglis | têka ing tanah Jawa | aja gawe rêtu | yèn sira tan gêlêm lunga | apa nganti sira sun pakani tai | ngong dulang tai lingsang ||
13. sira lungaa mêngalor nuli | ing gunung Kêndhêng sira turuta | muliha dhangkamu manèh | ja sira ganggu-ganggu | ing dêdalan maring wong cilik | kabèh ing tanah Jawa | iya duwèk ingsun | tênung anuli lumalywa | urut gunung Kêndhêng ingkang dèn margani | akèh wong kêna ngrumab ||
14. pangran minggah ing panêpèn malih | kawarnaa Sri Narpèng Mêngkungrat[56] | sêmana tatas rinane | nimbali patihipun | Sumabrata wus praptèng puri | tinuturan solahnya | niskaraning dalu | gêgêtun ingkang winartan | sarta ingkang paman dikakakên nêlik | gêrahe lan oranya ||
15. Sumabrata manêmbah gya nuding |
--- 109 ---
nukma maring dalêm Kapugêran | tan dangu prapta dutane | katur maring sang prabu | yyan kang paman maksih basuki | datan omah lan saban | sang nata umanggut | tyasnya mêksih mêlang-mêlang | ki pêngulu sakancane kêtib modin | samya kinèn sêsinggah ||
16. nahên Tumênggung Dêmak ngêmasi | katur ing nata sutane tiga | Mas Malat kang tuwa dhewe | Mas Amad ka[57] pênggulu | Bagus Katam ingkang sumêndhi | gumanti tiga pisan | Dêmak pinra têlu | kang sêpuh araning bapa | nunggak sêmi Suranata kang wêwangi | dene ingkang panênggak ||
17. aran Tumênggung Padmanêgari | wruju Tumênggung Martanêgara | lan wontên tilare radèn | Sindurja siji jalu | namanira Mas Bagus Gêrit | arine Radèn Sukra | dèn angkat tumênggung | nama Tumênggung Sindurja | mangkya narpatmaja kang sêpuh ngêmasi | Pangeran Buminata ||
18. Dèn Mas Panênggan[58] lan Dèn Mas Alit | sampun sinung anama pangeran | anigang èwu lênggahe | Dyan Panênggak jêjuluk | nênggih Pangran Mangkunêgari | Pangeran Mangkuningrat | Radèn Êmas Timur | tandya sêntana winurywan | Radèn Ănggadimêja sinung wêwangi | sira Pangran Balitar ||
19. Pangran Martasana ingkang rayi | duk sêmana pan wus nyatus dina | kang swarga pura mêmule | abusêkan sawêgung | garwaning pra mănca dipati | krêrigan malbèng pura | ngladosi jêng ratu | anyipêng samya lah-olah | sri narendra suka ningali pawèstri | ngănta sak solahira ||
20. wontên garwanira sang dipati | Cakraningrat endah warnanira | anênggih garwa ingkang nèm | sang dyah wêwanginipun | radèn ayu ing Pakuwati | gandês tur danar-danar | mêmbat mêntul-mêntul [mêntul-mê...]
--- [110] ---
[...ntul] | katujwèng tyasira nata | ingapusan maring Jungut măndrakini | dahat dening pyuh arsa ||
21. praptèng Jungut mèsêm sang nata ngling | bibi dèn kêparèng ngarsaningwang | manira arsa têtakon | dika patutan sampun | inggih lawan paman dipati | Dèn Ayu Sampang nêmbah | dèrèng asêsunu | sang nata mukswa trataban | kalingane bibi sasat rara sunthi | pantês dhukun utama ||
22. kula niki sampun têlung bêngi | sakit ngêlu niki dèrèng saras | kula bibi ngalangake | bok dika êngkuk-êngkuk | dawêg Bibi Dyan Pakuwati | manggraitèng wardaya | mingsêr dènnya lungguh | dyan manêmbah arsa mêdal | sri narendra anyandhak asta gendholi | mangrêpa mriyêmbada ||
23. adhuh bibi sampun dika mijil | kaya paran polahe pun anak | pêsthi yèn salah kêpatèn | lah babo dewaning rum | ingkang mugi srah jiwa rêsmi | măngka usada brăngta | pun anak wulangun | dèn ayu arsa ingêmban | nyêndhal asta sri narendra angukuhi | dadya apulintiran ||
24. uculêna kawula sang aji | inggih mongsi[59] kiranga wanodya | kang langkungi ing ayune | tiyang punapa ulun | pan kawula wong Sampang yêkti | punapa pinenginan | awon tingalipun | angagêm semahing bala | jêng narendra saya sêngkud angnêmêni[60] | rinangkul jangganira ||
25. iya pira kuwating pawèstri | sinêmbadan dènnira wong priya | pêsthi yèn inggal sayahe | pindho ratu nom bagus | nanging kandêl dènnya pêpanggil | tansah asêrikutan | tandya sang aprabu | sang dyah ginulingkên tilam | asta kalih manglaya pupwa katitih | pinarjèng sinjangira ||
26. Radèn Ayu Pakuwati nangis | sarwi dhadhog[61] pungkuran sang nata | saya lir dèn unggar tyase | radèn ayu
--- 111 ---
sru muwus | têka nora mambu nêrpati | angayok lir wong kumpra | mêksa wong tan ayun | sinjange katêmyèng dagan | gêronjalan sang nata akêmpis-kêmpis | tilam kadi ginoyang ||
27. rame kadhupak jaja nêrpati | wêntis uwal katongton gumêbyar | lir malam putih pineso | swaning nata mlar mingkus | sang dyah sinungkêman kang wêntis | dèn ayu atur sêmbah | adhuh kula nuwun | kadar iki ratu apa | têka arsa ngulihi kaya bêbayi | tur ta wêtêng wong liya ||
28. sampun sangêt-sangêt sri bupati | botên ilok anyuda lêksana | angasorkên dêrajate | têka kêkalung pupu | kaya dudu tingkah nêrpati | Kangmas Dipati Sampang | ika dudu ratu | prandene yèn sacumbana | ngarah-irih tan kadi dika puniki | ambêkuh sri narendra ||
29. satuwuk durung brăngta lir iki | lamun Paman Adipati Sampang | anjaluk ojol-ojole | kabèh wong sakêdhatun | sun urupkên liron bok ramping | pêsthi suduk sarira | wurung awor lulut | gusti lawan jêngandika | radèn ayu mèsêm sarwi jiwit lirih | lah iki basakêna ||
30. têka mikul pupune wong cilik | lah ta iya măngsa kuwalata | jêr uga karsane dhewe | kudu sangsangan pupu | apan ingsun ora ngajani | măngsa anyarikana | mêngkana wus campuh | jalwèstri numpêki ing tyas | apêrsasat mati sajroning aurip | kanikmataning badan ||
31. tan winarna luwaring arêsmi | mumpung-mumpung ambal kaping tiga | duk wiwite lingsir kilèn | apan ta kongsi surup | radèn ayu pan sampun mijil | wanti-wanti winêkas | ywa wistarèng kakung | gya mantuk praptèng pondhokan [pondho...]
--- [112] ---
[...kan] | Pangran Sampang lagya ngucêl-ucêl pêksi | kagyat garwane prapta ||
32. puyuh sampun kinurungan malih | sang dyah rinangkul ginănda-gănda | asru inginggatan age | pangran awas ing kalbu | yèn kang garwa kacidrèng rêsmi | mambêt smaraning tilam | nangling babo masku | pêgèmu sira culika | apa dosaningsun gusti sira nyilib | tumungkul mêgap-mêgap ||
33. matur lamun pinrusèng narpati | sang dyah sumungkêm pada karuna | pangeran sapamyarsane | ngadêg suraning kalbu | pan wus tamtu kalêbèng gurit | rêrêpèn uran-uran | tan nisir sêrambut | galêpung tinulis wayang | dadol[62] wijen amêsthi lamun nyatroni | wong ginênti somahnya ||
34. netranyandik rawisnya pinuntir | katêpusan nging cara Mêdura | tansah goyang mêstakane | bêkik sojarira sru | wus dilalah rêngkaning bumi | jagat kudu ruhara | panjênêngan ratu | mundur kaya ewan-ewan | durung pira wêwulange ingkang swargi | ilang tan katabêtan ||
35. wadya dulangmangap dèn timbali | kalih èwu prajurit uligan | kêjawi para mantrine | padha tatya nrang kewuh | para lurah kang prapta dhimin | karsanira pangeran | ngrêbasèng angamuk | gumêsêng isining pura | gênti kêris pragola cêkêlan pênding | nguja Prabu Mêngkurat ||
36. dangu-dangu pangran ngrasa abdi | lilih anglirihi manah gusar | Tumênggung Jangrana age | ingaturan wus rawuh | duk sêmana ing Surawèsthi | apan arsa sinigar | nanging dèrèng tamtu | nangling Pangran Cakraningrat | adhuh Kakang Surabaya ing lir iki | sun arsa malih tingal ||
37. dening corah bawaning nêrpati | nora kêna ingsun doli sêtya | nyarudug lir wêdhus berok | niti krama binawur | têtêkone kaya
--- 113 ---
suwari | pait lêgi ginaglag | ambêke adigung | gumunggung yèn dadi raja | tita têmên si culika drêngki drohi | besuk wataraningwang ||
38. ana ratu dijiglong[63] wong cilik | payo kakang marang Kapugêran | seba mring pangeran kae | ika pantês amêngku | ing rat Jawa alus martani | asih kula jêtmika | mring bala satuhu | mahambêk rêtna darmaja | angisèni yuwanane ing rat bumi | pragnya nuju wardaya ||
39. Tumênggung Jangrana nyêkuthoni | dhatêng lêrês sakêcap tan lêpat | amung rakanta yogine | ingkang pantês sinuwun | dèn toh ana lara lan pati | pan sêlak botên tahan | ngadhêp ratu rusuh | wong agung kalih brangkatan | lampah sandika Pugêran sampun prapti | dèn irid Sêstrajaya ||
40. pinanggihan ing panêpèn sami | angandika pangeran trah gula | adhimas kadingarène | pinarak dalu-dalu | baya ana karsane gati | nêmbah Dipati Sampang | muwus sênggruk-sênggruk | pukulun lampah kawula | yèn panuju paduka rêbat nêgari | wlasa srusuhing praja ||
41. kasusahaning wadya gêng alit | tumêngèng ratu prusa anakal | jêng paduka prayogine | nyampurnani tyas wibuh | angisèni yuwanèng bumi | banggi tuwan tan wêlas | lurining lêluwur | kala Ki Agêng Mataram | cakal bakal tumurun Jêng Senapati | têruka jayèngrana ||
42. mangun karaton tan liyan sangking | kang ginalih arjaning rat Jawa | kalangkung dening owêle | kanggenan ratu rusuh | acênthula diksurèng bumi | solahe wong urakan | ambêke wong ngècu | kang kados putranta [pu...]
--- [114] ---
[...tranta] nata | sampun susah mênggah kridhaning prêkawis | rok bănda bitutama ||
43. angenggani awrating ajurit | inggih kawula lawan pun kakang | ing Surapringga pukule | sênadyan dhatêng lampus | anglampahi ayahan gusti | ing panêdya tan ginggang | ngrurah satru pêngkuh | wontêna pêngaja tuwan | ngobrak-abrik angêjur sajroning puri | ing sêmangke sandika ||
44. jêng pangeran gêtun tan kênangling | jinêjêl ngatur mring Pangran Sampang | ginagap tyas pakèwêde | mêne cobaning ratu | komondaka ngungkabi batin | winulat Pangran Sampang | pratignya satuhu | wiyang tyas kinira-kira | dadya pangran karya madya sêdhêng ing ling | pasugatèng ing basa ||
45. lirih lèrèh wor èsêm dènnya ngling | dhuh yayi mas ingkang ora-ora | adhi kita lairake | duraka kang tinêmu | ing wong wani lawan nêrpati | ratu măngka wêrana | ing Gusti kang agung | manira adi tan sêdya | ngakalana kêprabone sri bupati | nêdya mamong[64] kewala ||
46. mangênjali sang dipati kalih | inggih lamun sang nata nulusna | rakanta swarga wêlinge | mring kang putra mawantu | tan winênang nyakitkên galih | paduka kèn ngrêngkuha | sudarma satuhu | prituwin dhatêng kawula | satêmahan siya-siyane nglangkungi | angrong sanak nyalunthang ||
47. tuwin mring pun Jangrana sumêngit | inggih Surapringgarsa pinindhah | sampun dawêge jêng anggèr | paduka malês ukum | dhatêng ingkang wiwit ngawoni | wirang winalês wirang | paduka pukulun | mung ngantukakên kewala | jêng pangeran andhêdhês kang dados galih- | ira Dipati Sampang ||
48. wus bêlaka ywan kacidre[65] rêsmi | pangran maputêk tanpa singkaban | ginubêl
--- 115 ---
punggawa loro | kêdah dèn angkat ratu | dadya giwang pangran ing galih | alon dènnya ngandika | kundura rumuwun | ing esuk ri mas balia | sun pikire iya ing sak wêngi iki | karo lèn nêmbah mêdal ||
19. Mijil
1. kawarnaa Ki Răngga Sêmawis | ing mangkya wirangrong | cêla ing ratu lan kapindhone | wontên pranakan Cina Sêmawis | suwitèng nêrpati | langkung kanggêpipun ||
2. ing mangkya sampun jinunjung linggih | mah bupatya kaot | Tumênggung Jayaningrat arane | aprasêtya kinadang mring aji | nêgari Sêmawis | punika dèn suwun ||
3. sri narêndra sampun anyagahi | wus midhangêt wartos | kae Răngga langkung prihatine | arêmbag lan para kadang sami | gunême wus dadi | gya Ki Răngga wau ||
4. aputusan tur binêktan tulis | pikandêl kinongkon | Tanpanaha pan pinituwane | kang sawiji Kyai Sawunggaling | duta laku sandi | prapta Kartapurun ||
5. Kapugêran kang tinujwèng kapti | wau duta loro | jujug Ngabèi Sêstrajaya ge | dèn larapakên katur ing gusti | gya pinundhut nuli | kang surat wus katur ||
6. sinukmèng tyas atur sêmbah bêkti | sumêngkèng sang kaot | kang pinudya-pudya ing abdine | sadu digbya ambêk sănta budi | para martèng dasih | lampah maha wiku ||
7. pantês tinangisan ing prihatin | amung sang kinaot | pun Rănggayuda nagri wiyose | kang têngga praja dalêm Sêmawis | ngêmbani Kumpêni | dasih kamipurun ||
8. angaturi prêkawis ing gusti | sangking pangrudatos | ring paduka kasoran kulane | yèn karsa jêng paduka gumingsir | rêbata kamuktin | amangun kêratun ||
--- [116] ---
9. tumêdhaka mring nagri Sêmawis | dahat tyas pêpondhong | abdi dalêm Kumpni sêdayane | antya angajêng-ajêng ring gusti | pun Kênol prituwin | pun Kumêndur Sêlut ||
10. Hindrik Hansah anrus ing Bêtawi | pan sami kemawon | Jendral Harvèk Husdrian sak tyase | dene datan dipun prêcayani | mring putranta aji | ical trêsnanipun ||
11. sampun titi surasaning tulis | jêng pangran têtakon | sang dinuta dinangu namane | tanggap aturnya caraka kalih | patikbra wêwangi | Tanpanaha ulun ||
12. punika gusti pun Sawunggaling | dan ginanjar karo | reyal mitu myang wastra sabuke | sarta kangjêng pangeran ngintuni | lorodan kulambi | pratăndha sih lulut ||
13. dhatêng Ki Răngga Yudanêgari | lambanging pasêmon | wus rinasuk kasêsêp ature | duta sampun ingangsulan tulis | lagya arsa mijil | jêng pangeran emut ||
14. sêmadosan lan dipatya kalih | caraka kèn ngantos | Pangran Madura Surapringgane | mangkya wus latri punggawa kalih | seba pangran malih | dinêdahkên sampun ||
15. surat sêlêmpitan sing Sêmawis | gênti-gênti maos | tunggil kaptyarsa bakali rajèng | langkung suka sang dipati kalih | ngrasa olah kanthi | dènnya angkat ratu ||
16. de Ki Răngga wak-awak Kumpêni | tètèh putus ing don | undhagi wêweka guna lèrèh | amrêweda prêkara nak-ênik | bab maring Kumpêni | Pangran Sampang gupuh ||
17. lan Tumênggung Jangrana misalin | mring caraka loro | pinêngadêg nyêpuluh reyale | saha tinakon lungguhing mantri | Tanpanaha bêkti [bê...]
--- 117 ---
[...kti] | patikbra pukulun ||
18. kang ngingêrkên abdinta Sêmawis | pun Răngga kang pakon | pun Tanpanaha wastamba dene | punika anggèr pun Sawunggaling | ngêbayani sak lir | arta karyanipun ||
19. Pangran Sampang nangling iki tulis | atur nèng sutèngong | duta manêmbah tinampan srate | mêsat Tanpanaha Sawunggaling | laris tyasmu brangti | pangeran ginunggung ||
20. Asmarandana
1. sang lagya agunêm kawis | Dipati Sampang tur sêmbah | bilih mêkatên dadose | ing pundi kinarya purwa | Pangran Pugêr ngandika | adhi kang katêmu ingsun | ngong palungguh bumi Dêmak ||
2. anadene Si Kumpêni | tulung bêcik ora iya | sok wisa prêcaya bae | matur Tumênggung Jangrana | lêrês karsa paduka | akathah pêkantukipun | ywan mandhirèng nagri Dêmak ||
3. jagat ingingêran malih | lan yèn kumpêni kabrukan | kirang tumumpang dadose | yèn angsal pitulung Allah | ping kalih Rasulullah | panjurung para lêluwur | lulus kêraton paduka ||
4. adatipun pun Wêlandi | awrat panuwuning epah | dawêg prêcaya kemawon | yèn siningkur damêl susah | upami pinasrahan | asangêt gene mrih untung | sumambung Pangeran Sampang ||
5. amba anuwun rumiyin | mantuk dhumatêng Mêdura | siyaga ing aprang papor | amung pun kakang Jangrana | kantun ngrêksa paduka | nanging lampahipun samun | wus dadya ingkang pirêmbag ||
6. pra lurah kang dèn lilani | ngadhêp dènira gupita | lunggyèng panirat panêpèn | sêdaya suka gambira | lir wus luwar kasmala | Ki Sêstrajaya èbêk [è...]
--- [118] ---
[...bêk] smu | tansah mênggah junjung jaja ||
7. upama taru katrini | linawad wrês aprêdapa | kadya ge kêmbang nulya woh | dene kang para atmaja | sawiji datan ana | ingkang pinaringan wêruh | nadyan putra kang dinama ||
8. Dyan Wăngsatruna tan uni | wêwekane jêng pangeran | wantu sami priyayi nèm | tandya Pangran Cakraningrat | lan Tumênggung Jangrana | wotsêkar wus samya mundur | Pangeran Pugêr sêmana ||
9. mung lan Sêstrajaya Patih | gupita langkung rungsitnya | kiyas wudharing supaos | nguni wus atur prasatya | maring kang putra nata | Ki Sêstrajaya umatur | gusti tan èwêd punika ||
10. kala sinumpah rumiyin | ywan ngajanana pra putra | angubungi gènnya mirong | dene paduka piyambak | nadyan tuwan piyambak | wajibing supaos wau | patrapipun sama-sama ||
11. winastanan ujar awis | pratignya katur Ywang Sukma | tan wontên agêng alite | kêdah rêsik sakalihan | nadyan ratu mring bala | yèn ratu kang datan arju | supata tanpa dadosa ||
12. mênggah paduka jêng gusti | lan putra dalêm narendra | mêsthi tan wontên kaote | padukarsa madêg nata | awlas ing tanah Jawa | lan awlas wadya lit agung | tan nêdya ngrisak narendra ||
13. dene dahwe anglurugi | punika sintên uninga | jangan ing ajang linadèn | witing yèn gusti lumuha | pênangise kang samya | kaprihatinan tyasipun | purbaning satriya digbya ||
14. têtulung sarta misani | ing lampah kang para cidra | kapya dursila silane | gumujêng Kangjêng Pangeran | ngalêm mring Sêstrajaya | datan kawarna ing dalu | enjing Pangran Cakraningrat ||
15. arsa apamit mring patih | mring dalême
--- 119 ---
Sumabrata | gupuh pinêthuk mring regol | pangran kinanthi astanya | maring rêkyana patya | wus samya tata alungguh | nangling Dipati Mêdura ||
16. adhi lurah kula niki | pamitna marang sang nata | manira arsa têtinjo | nêgara lawas tan wikan | fêrlune[66] ngujung makam | pan wus dungkap kalih taun | ature Ki Sumabrata ||
17. inggih pangeran suwawi | sowan putranta narendra | mangkat praptèng srimêngantos | tur wêling bupati lawang | wus katur mring narendra | nulya ngandikan lumêbu | prapta ngarsane sri nata ||
21. Sinom
1. sang prabu alon ngandika | paman dèn kêparèng ngarsi | majêng kang sinung timbalan | netya lêjar tan kêtawis | lamun angandhut wadi | langkung dening samunipun | nêmbah Dipati Sampang | linilana ingkang abdi | atêtuwi mring nagri dalêm Madura ||
2. kula gusti botên lama | kalih wulan sowan malih | kalangkung watir kawula | lami atilar sang aji | dèrèng tega mring gusti | rèhning anyar madêg ratu | sinuwun bilih kathah | pakèwêde kang nêgari | abdi dalêm pun paman ngraos katêmpah ||
3. lêga tyasira narendra | tan wruh sêsopakan lamis | paman sampun lawas-lawas | inggih mênawa ing wuri | paman wontên drigami | benjing ywan sampun anungkul | putra dika Sudira | yèn dèrèng maksih kuwatir | lah mulane paman sampun lawas-lawas ||
4. manira adarma-darma | paman jumênêng nêrpati | ruwêd rêntênging nêgara | bot repot amanggih wèsthi | wêwêlinge kang swargi | mung dika ingkang katêmpuh | sang liningan mangrêpa | mèsêm sadalêming galih |
--- [120] ---
yèn ngucapa banjêt têmên si durjana ||
5. si ganggas parusa murka | cênthula diksura jail | si asor polah tingkahnya | bisa karya basa lamis | Cakraningrat dinalih | lir wong akèh-akèh iku | tan wruh ujar nglêngkara | midakèng madu mêmanis | wong Mêdura misih nganggo niti sêstra ||
6. graitanira narendra | dèn nyana dèrèng udani | mokhal si bibi tutura | Bibi Canthur Pakuwati | kang bisa gawe brangti | dene wus kacirèn lulut | lan wus sun poma-poma | sêmune lila sayêkti | mring ragane kapindho măngsa tutuga ||
7. sang nata supe kalintang | lathine pating kajuwit | mawantah dhasare wadhag | ngandika sintên nênggani | dalêm dika ing ngriki | si bibi-bibi sêdarum | tumut mantuk mring Sampang | tuwin Bibi Pakuwati | lah punapa milu mulih mring Mêdura ||
8. matur Pangran Cakraningrat | sêdaya mapan tut wingking | tan wontên purun tinilar | witing ngrepoti ing margi | dene ingkang nênggani | ing pondhok mantri pêpitu | sang nata angandika | yèn pênêd-pênêde ugi | dèn tilara paman si bibi sêdaya ||
9. bêktaa gundhik kewala | puniku rikat ing margi | sampun lawas ing dêdalan | dene kang tunggu ing ngriki | rumêksa mring si bibi | sakèhe para tumênggung | wêdana Kartasura | prajurit jro sami gilir | matur alus wau Adipati Sampang ||
10. kados tan kenging ingampah | sêdayanipun pun bibi | rèhning onêng ing nagrinya | sampun lami tan udani | nata glana tan sipi | wardayanira garuwung | masambat ing wardaya | adhuh Bibi Pakuwati | wong acanggèh priye ngong adoh
--- 121 ---
lan dika ||
11. sang nata amundhut reyal | pitung atus praptèng ngarsi | dawêg paman tampanana | patukon warih ing margi | sang nata amèt galih | mring Pangran Sampang ing ngriku | sampun wotsêkar mêdal | sapraptanira ing Jawi | wadyanira sagra[67] asampun sanega ||
12. budhal Pangran Cakraningrat | gumuruh swaraning dasih | kali Sêmanggi wus prapta | rêmbatan winot ing kali | sigêgên kang lumaris | mangkya sang nata wulangun | mangun kung brăngta rimang | mung Dèn Ayu Pakuwati | kang sinambat kêkuwu pojoking tingal ||
13. sun têdha nuli praptaa | mirahe pun anak gusti | awlas samaring kawula | lênglêng lênguk ingsun kari | tan ana ngusadani | sak mantar sining pura rum | tan dadi toh dhuh dara | dara Bibi Pakuwati | ngêndi unggyan antuk lir dika wèh sêmang ||
14. jampyani rarasing driya | nyirnakkên lara sêkalir | mrêdu kumala nang-onang | swara rêrah măndra ragi | layu layung wong kuning | dumêling titaning ayu | rêsmining tinjomaya | jawataning măndrakini | dhuh kusuma kacipta jroning supêna ||
15. ayu sarining wisaya | lêngkaning pura tan mirib | sari purba kaluwihan | prabane dinuk ngendrani | kasor manawung kuning | patri mas kucêm mawêlu | mangrangu karungrungan | wus bekane sri bupati | datan pandon supe wèsthining nêgara ||
16. gantya ingkang kawuwusa | dutane Răngga Sêmawis | sira Dêmang Tanpanaha | lawan Dêmang Sawunggaling | prapta nagri Sêmawis | ponang kintaki sul-angsul | katur marang Ki Răngga- | yuda nêgara Sêmawis | tinupiksa kêdhadha dhawuhing surat ||
--- [122] ---
17. surate Pangeran Sampang | myang Dipati Surawèsthi | yèn wus dadi kang pirêmbag | Ki Răngga suka tan sipi | dhe ta sampun akanthi | dènnya ngadêgakên ratu | lan Sampang Surabaya | prajurit prakoswa sugih | pan wus ilang bêbalunging Kartasura ||
18. sinung lorodan rasukan | kinarya jimat pinundhi | nahêr[68] Adipati Sampang | sapraptanirèng nêgari | anggêgabah prajurit | mantri sêntana nung-anung | tuwin wong dulangmangap | dinadar raina wêngi | kalih èwu prajurit dinulangmangap ||
19. dhomas wadya pêpilihan | cacahe kang para mantri | kalih atus samya sura | bruwok bruwès jêmbut ati | bêbrêngos tibèng kuping | gêgodhège tali rukuh | alis bundhêl netra bang | ulate ringas ngajrihi | anglir wigra ri sêdhêng manon burukan ||
20. sêmbada golonganira | aran wong sura tan gingsir | rong atus kulambi tukang | rinenda satêbah sisih | padha tatya nrang wèri | waos benang ponthang puput | lurahe ingaranan | lindhu sêgara prajurit | bèr suranya anglir durga nêdhêng măngsa ||
21. wong sura tan kondur aptya | rong atus ingkang nisihi | samya irêng kulambinya | bludru binlênggi kinait | tumbak irêng ngajrihi | pinonthang mas nunggal dhapur | lurahnya ingaranan | lindhu prahara prajurit | wontên malih rong atus wong trunalanang ||
22. samya kulambi sikêpan | sora-sari bang angrawit | saruwal sangkêlat jênar | rendanira nigang nyari | waos pèlèt sinungging | asisih wong trunalawung | martas we kulambinya | sikêpan sinimping-simping | waos biru sinulam garingsing wayang ||
23. lurahe [lurah...]
--- 123 ---
[...e] samya sêntana | aran Radèn Surèngpati | trunalawung lurahira | aran Radèn Surèngwèsthi | wong trunarancap nênggih | asisih wong trunarampung | rong atus sagolongan | rolas pangkat kang pinilih | sapangkatnya rong atus salurah-lurah ||
24. kinêmasan rukmèng daya | prajuritira sinêlir | kêjawi kang para putra | pêpitu kang mawat kardi | putra lêlima sami | prajurite nigang atus | putra sêpuh panênggak | karo lèn samya kêkasih | prajurite samya nglimang atus sowang ||
25. sanekya rênggèng sumbaga | kêling pita seta randi | ijo biru lan mêmegan | biludru myang sora-sari | leja kêstop martaswik | lan tongsup sêsondhèr pêlung | daragêm podhang-podhang | tuwin cêcêlêpan asri | para putra sondhèr rangrangan toya mas ||
26. wus tatane wong Mêdura | ing kuna dêla samangkin | tan lali sêsondhèrira | têtêngêre para mantri | prasamya udhêng gilig | sakempol-kempol gêngipun | pangeran salaminya | siyaga tan kadi mangkin | winutahkên donya sinêbar ing bala ||
27. sadina-dina ingajar | ngalun-alun kridhèng jurit | rame kang bênthak-binênthak | ana kang lesan jêmparing | wênèh angulah lêmbing | ana matuhakên tulup | sèwu saragninira | sèwu puniku kêjawi | saragnine ingkang para putra-putra ||
28. ginladhi Kumpênènira | ningkah glar durgama rungsit | ardacăndra gănggapatya | balèg pêngawat suwiwi | tuhu tan kêna pinrih | drèl ngêtimang nyangkal putung | ngiwas myang lêlumbungan | gêgunungan para siwi | angabani brêgadan sapangkat-pangkat ||
29. kumrug drèl lir gunung
--- [124] ---
kumba | ingkang tinelad Kumpêni | ing kina wirèng Mêdura | tan anêngênakên bêdhil | mung waos gêming jurit | mangkya pangeran kêlangkung | aptya mungkasi jaya | anglêbur wong ulah mukti | Narpèng Kartasura kang dèn ănta-ănta ||
30. nêngna kang lagya dêdana | kang amrih suraning dasih | Jêng Pangran Pugêr kawarna | ingkang mangunêng gung kingkin | tan antuk dhahar guling | yèn dalu anggung manêkung | nênêdha ing Ywang Sukma | amaladi sêmadining | pan anêgês dènnyarsa umadêg nata ||
31. wus angsal sêsmitaning Ywang | kalilan ngrênggani aji | mêngkuwèng rat nungswa Jawa | nêngna wau kang winarni | Radèn Sudira kêni | ngapus sawetaning Budhur | aran dhusun Nglosêkar | kapikute dèn canggahi | pan Ki Arya Banyakwidhe kang misaya ||
32. binêkta mring Kartasura | rahadèn dèn bêronjongi | wongira samya binănda | wus misuwur ing nêgari | Pangran Pugêr miyarsi | yèn kang putra wus kapikut | binêkta mring nêgara | cipta tan sagêd ningali | duk sêmana pangeran ngundangi bala ||
33. gugup ingkang para lurah | adandan saanak rabi | kêpêdhak lan panakawan | sêdaya sami miranti | wong gamêl wus kêkambil | antawis wus lingsir dalu | pukul kalih wayahnya | usrêk swara ting kalêsik | para putra gugup lagya ingandikan ||
34. andhèr ngarsane kang raka | sak rayate datan kari | ana kang anyêkêl kuda | sabuke binondhèt sêlir | ana ngêmban bêbayi | wênèh nuntun garwanipun | langkung dènnya kasêsa | dènnyarsa lalos[69] ing latri | jêng pangeran sêmana sampun tumêdhak ||
35. amarga ing bêbutulan | angalèr
--- 125 ---
ngilèn dèn jogi | kagyat ingkang kamarganan | grubyuge anyalawadi | kiwa têngên kèh uning | Radèn Buta Ijo gupuh | atur wrin mring Ki Patya | Sumabrata malbèng puri | wong jro pura kagyat Sumabrata prapta ||
36. anarka yèn ana karya | samya winênganan kori | wus prapta ing srimêngantya | Ki Sumabrata wus panggih | lan wêdana kang kêmit | rêmbag mungu sang aprabu | siranya iwi laja | wus amungu ing nêrpati | sri narendra kagyat muka lir sindura ||
22. Durma
1. Ki Tumênggung Sumabrata matur nêmbah | dhuh gusti sri bupati | rama jêngandika | Pangeran Kapugêran | lalos ingkang dalêm gusti | saputra garwa | sawadya sampun gusis ||
2. ngalèr ngilèn wau wadya kang uninga | nata sumêng manasi | jaja winga-winga | kumêdut lathinira | minggah mring kamar pribadi | bêndhe Ki Bicak | sigra binêkta mijil ||
3. wus tinampèn dening ki rêkya apatya | tinabuh ing sitinggil | bêndhe munya ngangkang | muni ing awang-awang | binarung lan têtêg muni | wadya gumêrah | otêr wong sak nêgari ||
4. wong jro pura gègèr umyang awurahan | samya salah pamyarsi | ing pênyananira | Pangran Pugêr mragalba | angamuk marang jro puri | wadya kêparak | ing srimênganti baris ||
5. praptèng sitiluhur barise mêlatar | kapang wong magêrsari | priyăntaka ngarsa | saragni jajarira | bêdhil samya dèn isèni | wong jagabaya | samya prayitnèng wèsthi ||
6. wong nirbaya sikêp karbin munggèng ngarsa | wong jagasura sami | ganjur sikêpira | nulup [nu...]
--- [126] ---
[...lup] wisa prêcăndha | wong nutra sikêp jêmparing | wong nyangkragnyana | glathik mungup pinundhi ||
7. wirabraja brajanala kartiyasa | samya prayitnèng jurit | tan lalywèng prênahnya | jăntaka wisamarta | mandhung kanoman lan miji | wong patrayuda | bajra muksala rakit ||
8. martalulut singanêgara ing ngarsa | pinilih judhipati | myang wong darpaita | yudamênggala ngarsa | patranala anambungi | kêbayan ngarsa | wong gandhèk mobat-mabit ||
9. mantri anom ting balêbêr lunga têka | dènnya anênimbali | sagung pra pratiwa | ing alun-alun aglar | pasisir măncanêgari | saha barisnya | aglar ing păncaniti ||
10. kawarnaa kang lalos wau lampahnya | duk bêndhe ing jro muni | apan kapiyarsa | lagya praptèng Cêpaga | agugup lampah sru watir | pratmaja garwa | pating kêthèthèr icir ||
11. langkung dènnya repot kang para tênaya | Dyan Ăntawirya lagi | binondhèt sêlirnya | ngalor ngidul reyongan | kudane dipun wawoti[70] | dandananira | radèn kêkalung karbin ||
12. asta kiwa sarwi anyangking talêmpak | miyarsa bêndhe muni | wiyang driyanira | arsa bucal wowotan | angraos awêl ing galih | yèn tinêksihna | sêlire pêsthi kari ||
13. murang-muring gugup mirsa bêndhe ngangkang | gendhongan dèn tatasi | sigra sêlirira | kinèn anitih kuda | sarta kinèn mangku karbin | sira rahadyan | mandhi waos nèng wuri ||
14. Dyan Sêsăngka ngulari palunanira | lagya umur sawarsi | Mas Bladho kang nama | putranira kang raka | Dyan Wăngsatruna ingambil |
--- 127 ---
patutanira | sangking sinaon sêlir ||
15. Ni Mbok Laroh dyan mêksih isin pêputra | pinêndhêt mring kang rayi | Dyan Timur ingêmban | maring pamamongira | Dyan Sêsăngka jêlah-jêlih | akon ngruwuna | sampun anggagat enjing ||
16. apan kèndêl sêkala anata lampah | rêrepot dinok ngarsi | kang ajaga marga | ing ngarsa Jiwasuta | ingkang rumêksa ing wingking | sawontênira | gêgaman kang nindhihi ||
17. Sêstrajaya kêlawan para atmaja | samya prayitnèng wèsthi | ambêk praya nekad | mênawa tinututan | dirèng gêgaman nêgari | tyas surasara | mila lampah dèn rakit ||
18. pan alaju mêdal Kênêr lampahira | ing Ngampèl kang dèn jogi | ya ta kawarnaa | wau sri naranata | wus ambadholakên[71] baris | têtindhihira | Jangrana Surawèsthi ||
19. wong pasisir ingkang nututi sêdaya | gancang lampahing baris | pan wasta pun Tapan | lawan wong Kapugêran | Jangrana kang munggèng ngarsi | pitulung Allah | lèrèh kang dèn tututi ||
20. dupi arsa Pangeran Sompok lampahnya | Jangrana angandhêgi | lirih lampahira | kadya ngiring kewala | tan ana wani nglancangi | marang Jangrana | ywan na bupati mantri ||
21. wade karya nêdya mêlak lampahira | Jangrana ngrondhe nolih | nyurêng tan pêsaja | gêgaman Surabaya | ywan kala rêrêb ing latri | mêpêti marga | lumêksa sang lumaris ||
22. wus prapta ing kali Tuntang lampahira | krêtêg tinugêl aglis | mila ragi bamban | pangeran lampahira | mingêr sagung kang nututi | mêdal Bahrawa | ing Jambu kang dèn jogi ||
--- [128] ---
23. jêng pangeran sampun anglampahkên duta | dhingini mring Sêmawis | prapta dutaning kang | wus panggih lan Ki Răngga | gupuh Ki Răngga ngundhangi | mring balanira | sanega wong Sêmawis ||
24. Sawunggaling Tanpanaha Martayuda | ingkang kinèn rumiyin | mêthuk ing pangeran | ambêkta kuda tundhan | lawan sikêp angrêmbati | rêrepotira | barang-barang sêkalir ||
25. gurawalan lampahe wadya Sêmarang | ingkang amêthuk sami | sira Kyai Răngga | mampir nglaji lampahnya | panggih lan Kênol tumuli | sampun winartan | Pangran Pugêr nèng margi ||
26. dèn bêbujung dening wadya Kartasura | Kênol gugup miyarsi | yèn mêngkono Răngga | age sira mapaga | mêne kêcandhak ing margi | ingsun mêmêkas | mring sira dèn pêkolih ||
27. nadyan silih kênaa nora kênaa | gonira angaturi | ing tuwan pangeran | têdhaka mring Sêmarang | nadyan awrata ing galih | sira dèn bisa | angaturi mrih kêni ||
28. bokmênawa Pangran Pugêr darbe karsa | bêdhiri lain sini | jêr itu nyang ponya | anak cucunya raja | nyang ponya sêmua nigri | sapa nyang larang | dhiponya sukak jadhi ||
29. poma-poma Răngga aja kongsi gagal | pangran mangsuk dhi sini | katrima turira | kadhahar mring pangeran | anut sapikirmu mêsthi | sira katrima | marang Kangjêng Kumpêni ||
30. dening jendral prêsasat awèh dandanan | têtêpe anèng Jawi | lawan awèh lêga | bunêke tyas Wêlănda | bahong[72] ratune sakiki | nanging Ki Răngga | ewuh tyas [tya...]
--- 129 ---
[...s] ingsun kingkin ||
23. Asmarandana
1. yèn pangeran amarêngi | yèn dhahar sak aturira | ngarsakna tindak marene | ewuh têmên patrap ingwang | saosan ingsun urmat | lurahku Tuwan Kumêndur | Hindrik Hansah sakit kêras ||
2. pan aku iki wong cilik | nanti sun atur uninga | marang Jêpara lurah ngong | yèn dhangan mêsthi tumindak | panggih tuwan pangeran | anadene awak ingsun | sênadyan milua mapag ||
3. tan nganggo urmat Kumpêni | tan gawa nama kapitan | mung badan sêpata bae | nging Ki Răngga wêkas ingwang | pangran nèng wismanira | dèn karêksa dhaharipun | ecaa sare adhahar ||
4. Kapitan Kênol nênulis | gupuh amanggil ajidan | marang Jêpara ge-age | Ki Răngga anulya mangkat | kawarna Tanpanaha | ingkang amêthuk rumuwun | sarta ngirid kapal tundhan ||
5. panggih lan pangran ngastuti | saha atur kapal tundhan | sikêp jagani rêrepot | anulya wong Kapugêran | kang sayah padha nunggang | myang barang rêrepotipun | sêdaya samya rinêmbat ||
6. jêng pangran trustha ningali | angraos yèn kapotangan | andangu Ki Răngga mangke | maring Dêmang Tanpanaha | ana ngêndi sutèngwang | kang dinangu aturipun | abdalêm mêksih nèng wuntat ||
7. amba kang kinèn rumiyin | tandya tindaknya pangeran | kasaput nglatri duk praptèng | Ngungaran lêrêb lampahnya | enjing anuli mangkat | rawuh anèng Pudhakpayung | praptanira Kyai Răngga ||
8. gugup Ki Răngga nungkêmi | ing pada asru karuna | gusti tan nyana abdine | sinuwun pangèstu kara |
--- [130] ---
gusti lalos tan wangwang | wontên ing margi rahayu | gusti botên katututan ||
9. Ki Răngga rinangkul aglis | dènira kangjêng pangeran | mangrêsêp kinoswambune | wus aring tata alênggah | Ki Răngga tur dhêdharan | pangran akèn para sunu | lèn wadya samya buktia ||
10. wênah sêdaya abukti | tan ana kang glah alapa | dupi wus antara lèrèh | pangeran pahêman rêmbag | alon dènnya ngandika | mring Ki Răngga sutèng ulun | kaki paran karsanira ||
11. yèn sarju lan sira kaki | ingsun laju maring Dêmak | purwa ing kana bakale | lan sun nganti ramanira | adhimas Sampang lagya | muliha siyagèng pupuh | ubaya patêmon Dêmak ||
12. myang Jangrana Surawèsthi | misih anèng Kartasura | Ki Răngga mangrêp ature | dhuh gusti ywan marêngana | pênuju tranging karsa | kula aturi pukulun | jumênêng nagri Sêmarang ||
13. akanthi lan pun Kumpêni | yèn paduka datan arsa | nadyan siang ngantos-antos | para pratiwèng bang wetan | Sêmawis yoginira | gusti sangêt watiripun | pun Wêlandi binênggangan ||
14. watêking têtiyang Jawi | yèn wontên gunaning guna | akarya sarog[73] srayane | botên suwawi kawula | têbih lan pun Wêlănda | lêhêng binrukan yèn sarju | mênawi dados cangcala ||
15. yèn kenging dèn mêmanisi | mring putra paduka nata | angrêregoni dadose | ing panjênêngan paduka | angathahakên mêngsah | rinewang sêpatutipun | sinrahan binuhkên aprang ||
16. wêktu mangke pun Wêlandi | prakoswa sumbaga guna | bandhega wigya[74] prang papor | nagri ing sabrang kasubya | pilih ingkang tumimbang | ing aprang dharat myang
--- 131 ---
laut | lêgêg pangeran duk myarsa ||
17. wusana ngandika aris | sun turut aturmu nyawa | nanging kongkonana bae | mring ramanta ri mas Sampang | dèn ngêntèk prêkaranya | kaya aturmu maringsun | Ki Mas Răngga atur sêmbah ||
18. gusti sampun walanggalih | arinta Pangran ing Sampang | minăngka kabêsarane | prêkawis dhatêng punika | kawula damêl angkah | saliring bicantênipun | dhatêng Kumpêni srêngkara ||
24. Dhandhanggula
1. yèn Kumpêni amilihèng kapti | saupami cinarok ingêbang | sangking putranta sang katong | kamelikaning sanggup | ewa dhatêng paduka gusti | amba kang amangkringa | dhatêng pun kumêndur | aja kudu ngrewangana | wong Kumpêni pangran wus kêlar pribadi | angrêbut tanah Jawa ||
2. yèn wus kanthi Sampang Surawèsthi | tur ngrêbut kagungane piyambak | wus agêdhe dandanane | wadya pasisir mirut | măngsa ana wani nglawani | pan mêkatên ing benjang | dhatêng pun kumêndur | dadosa pêngampang-ampang | yèn Kumpêni anênuwun jroning jangji | pangran pyuh manahira ||
3. dyan rinangkul Ki Yudanêgari | mring pangeran babo sutaningwang | ingsun nurut ing dhèwèke | sak lir prêkara agung | mring Kumpêni ngong tan ngawruhi | Ki Răngga Nănggasêtya | gusti sang pukulun | kêpanggiha ing patikbra | sagung ingkang bicantênipun Kumpêni | ing panêdya kawula ||
4. mangsuli sih de nurut pun dasih | dhuh sinuwun kawangwèng êmbunan | trahing marta datan abot | gyan kula ngêmu-êmu | malah lali ing yayah bibi | mung tuwan tranging cipta | dunya ngakhiripun | asih yèn tanpandon bêgja | nanggung papa pun Răngga [Răng...]
--- [132] ---
[...ga] tanggung ya urip | trênyuh kangjêng pangeran ||
5. sangking Pudhakpayung wus lumaris | kinintên-kintên marang Ki Răngga | rawuha latri kemawon | ingkang dadya pakewuh | dèrèng antuk urmat Kumpêni | nanging pangran tan wikan | ing pênangguhipun | kinarya lèrèh lampahnya | jêng pangeran lagya rawuh Jatingalih | sagung rêrepotira ||
6. para garwa myang parêkan èstri | saha sêlirnya kang paratmaja | sampun dèn rumiyinake | nagri Sêmarang rawuh | Tanpanaha ingkang angirid | mring wismane Ki Răngga | wus gênah sêdarum | Ki Răngga ngalih paseban | para putra sinaosan wismèng mantri | mangkya kangjêng pangeran ||
7. lagya rawuh Paterongan nuli | Kapitan Kênol mêthuk sandêran | amung gawa budhak loro | saatur tabenipun | lajêng ngiring munggèng ring kering | lumirig mring nêgara | sêmana wus rawuh | ing wismanira Ki Răngga | gya kapitan matur sarwi ngasih-asih | amba lir manggih rêtna ||
8. rawuh tuwan ing nagri Sêmawis | tyas amba langkung suka pirêna | kadi manggih mas agênge | inggih sak ardi Rungrung | anglir pohun kawunan bahni | wuryane kajawahan | sêmi ponang taru | lir mina kasatan toya | lagya mangkin mina kasrambahan warih | asrêpe tyas kawula ||
9. jêng pangeran manthuk trimakasih | gya matur malih Kênol Kapitan | amba pan sawêg atur wroh | dhatêng lurah pukulun | kang palênggah Jêpara laji | ing sarawuh paduka | jêng pangeran manggut | kapitan tur pamit pulang | sinêngkalan naga ro kawayang jalmi |[75] duk rawuh jêng pangeran ||
--- 133 ---
10. apan nuju sirêp lare tangi | dintên Kêmis tanggal ping sêkawan | pan Dulkangidah wulane | apan măngsa kacatur | gya Ki Răngga anduta mantri | aran Ki Cakrapuspa | wus numpak ing laut | maring nagri ing Mêdura | duk sêmana apan durung mangun pikir | Kumêndur ing Jêpara ||
11. sakitira pan lajêng ngêmasi | lagya putusan mring Batawiah | atur wrin pangran rawuhe | myang pêjahing kumêndur | kawarnaa ingkang nututi | wadya ing Kartasura | sêdaya wus mantuk | praptèng praja pra dipatya | atur tiwas dhumatêng sri narapati | dènnya tan katututan ||
12. lawan sampun mangsuk ing Sêmawis | tinadhahan pinêthuk ing marga | de Răngga Yudanagrine | lêgêg sang nata ngungun | Sumabrata atur pawarti | wontên kraman ing arga | kidul anyêrugul | ngadêg nèng Samparpalihan | aranira jêjuluk Sunan Garingging | suyud wong padhusunan ||
13. timbalanira sri narapati | sapratigan wadyèng Kartasura | kinèn ngrêmêd kêramane | sanega mangkat nglurug | têtindhihe wêdana jawi | nahan Radèn Sudira | Kartasura rawuh | pinrênah gêdhong kang wetan | kinunjara pun upas dipun sasabi | rajut kunjaranira ||
14. kawarnaa kang anglurug sami | sampun campuh lawan wong kêraman | arame dènira tètèr | wong kêraman kêcakup | wus kinêthok Sunan Garingging | ingêlud maring arga | binoyongan sampun | gêgaman mundur sêdaya | kawarnaa ratfênindiya Bêtawi | Jendral Harvèk Husdriyan ||
15. apan sampun tampi [tam...]
--- [134] ---
[...pi] surat sangking | Petor Jumêlut nagri Jêpara | kumêndur sak patilare | lawan ngaturi wrêruh | Pangran Pugêr anèng Sêmawis | rêmbag para bicara | wus ngangkat kumêndur | sukrêtaris ingkang minggah | Riklof Tasmin Tèndêr nênggih kang wêwangi | Wêlănda lirih guna ||
16. pinitajêngan maring Kumpêni | mraweda gêgubahan rat Jawa | anginte buthêk sucine | para digbya Mêtarum | lan mêspaosakên kang galih | Pangran Pugêr Dipatya | mangkat kang tinandur | saha jêjênênge jendral | tan kawarna ing marga Jêpara prapti | amung lunggyèng rong dina ||
17. age-age layar mring Sêmawis | datan kari jêjênênge Jendral | Petor Jumêlut andhèrèk | prapta Sêmarang sampun | lan Kapitan Kênol apikir | rêmbag ngaturi Pangran | Pugêr kang lumaku | Kapitan Kênol piyambak | saha reta tan wiyang pangran lumaris | sampun minggah ing reta ||
18. Ki Mas Răngga anunggang kêkiping | para atmaja ngiring sêdaya | abdi kapêdhak ngampile | ngarsaning laji rawuh | Wêlănda gêng-agêng prasami | mêthuk atêtabean | miwah para sunu | gantya-gantya têtabean | gya kumêndur pangran astane kinanthi | malbèng laji wus lênggah ||
19. gya urmat Wêlănda jalan kaki | drèl ping tiga mariyêm ping sanga | Kadhokngorèk[76] Carabalèn- | ira Ki Răngga ngungkung | wusnya sirêp kumêndur nuli | marani mring pangeran | ngrêrêpa umatur | katuran pêmbage pangran | ing sarawuh paduka nagri Sêmawis | pangran manthuk tarima ||
20. kumêndur alus angasih-asih | antya suka Kumpêni sêdaya | sarawuh tuwan ing mangke |
--- 135 ---
nanging atur pukulun | ywan paduka agadhah kapti | jinarwakna ing kula | pangran datan muwus | angawe maring Ki Răngga | gupuh majêng hèh tuwanku yèn sêmangkin | sudara jêngandika ||
21. inggih mapan dèrèng darbe kapti | punapa malih yèn mêmundhuta | pan dèrèng rêrêm galihe | salir prêkawisipun | kangjêng pangran datan udani | kêpanggihèng kawula | sinugata sampun | kuwih-kuwih myang èr panas | tan adangu pangran kondur sangking laji | kumêtirnya kapitan ||
22. kumêndur jawil Răngga Sêmawis | poma sira rumêksa pangeran | ywa kongsi kurang dhahare | sakulawarganipun | myang Wêlănda kang cilik-cilik | mring abdine pangeran | yèn agawe rusuh | cêkêlên age bilangna | ri sampunnya mêmêkas pangran wus laris | rawuh ing pêsanggrahan ||
23. Kapitan Kênol anuli mulih | ya ta sêmana kangjêng pangeran | datan tindak-tindak malèh | maring laji puniku | aturnya Ki Yudanêgari | sampun nyênyamah angkah | mung Ki Răngga wau | sabên dina datan pêgat | wira-wira seba mring sajroning laji | mrihatinkên ing pangran ||
25. Asmarandana
1. ri sêdhêngira ing latri | jêng pangran pahêman rêmbag | lawan Ki Răngga ature | gusti lêhêng putusana | dhumatêng Batawiah | amargia pun kumêndur | kang sar surat paduka |[77]|
2. srat dalêm mungêl sayogi | katamèng gurnadur jendral | sasampuning mungêl tabe | dalêm ingkang kathah-kathah | myang pra ratfênindiya | paduka mintaa tulung | dhatêng pun gurnadur jendral ||
3. punika babarpisani | kangjêng [kang...]
--- [136] ---
[...jêng] pangeran ngandika | hèh Ki Besan ing sakiye | ingsun wirang anglairna | tuduh wong tanpa ngrasa | yèn tan ana tandhanipun | mungguhing awak manira ||
4. nadyan kongkonana mami | yèn wis têka kang ubaya | ari Dipati Sampange | lan Jangrana Surabaya | wong pasisir bang wetan | yèn wis kabèh padha nungkul | ginawa maring Sêmarang ||
5. Ki Răngga matur wotsari | alêrês karsa paduka | kawula putusan malèh | ngegalkên[78] rinta ing Sampang | lawan ing Surapringga | kangjêng pangran ngandika rum | Ki Besan sira sabarna ||
6. kaya nora anyidrani | yayi mas Dipati Sampang | lan Si Jangrana sun babot | pratignya kongsi wipata | kunêng latri wus enjang | Ki Răngga kala ing ngriku | datan kobêr anèng wisma ||
7. tansah pinanggil mring laji | prêdongdi bicaranira | surat wira-wiri bae | sing Bêtawi mring Sêmarang | mangkya lêkas bicara | kumêndur asru amuwus | anodhi maring Ki Răngga ||
8. Răngga sira liwat asih | mring Pangran Pugêr Dipatya | sok kudu kaangkat rajèng | apa wus eklas pêrcaya | sira awak Wêlănda | suwadine nora rêmbug | mulane bicara randhat ||
9. dhawuhing surat Kumpêni | tuwin jendral datan arsa | Pangran Pugêr dadi katong | cinacad pangeran kêras | riyêg para bicara | apan pawarta misuwur | dhahulu brani Bêlandha ||
10. Kapitan Tak duk ngêmasi | pangran iku kang anumbak | laku salah pati opèn | têtulung mring Surapatya | manjing satru Wêlănda | yèn ana liyane iku | têdhake Kyagêng Mataram ||
11. dhasar pamrih ing Kumpêni | pasah Sunan Mangkurat Mas | amung aja iku bae |
--- 137 ---
yèn ana para sênta |[79] mirong marang ratunya | nuli pondhongana gupuh | Kumpêni milu angangkat ||
12. iku prentahing Kumpêni | payo Răngga rasakêna | Ki Răngga nuli ngêdhèngkrèng | tangan loro malangkadhak | winor guyu sojarnya | karsane tuwan gurnadur | punika kalangkung salah ||
13. andhahar ujar wong cilik | sênadyan si sayêktia | mapan ta wontêna lare | duk kala aprang Mataram | mrêwasani Wêlănda | aprang lawan kadangipun | dènira rêbut nêgara ||
14. sang ari sor dera tandhing | mawênês mangsuh ngawula | anut solahing ratune | kon mangsah mangrurah Êtak | inggih Sunan Mêngkurat | ing lair seje lan kalbu | batine mungsuh Wêlănda ||
15. angêmpit mring Surapati | tinandur ing Pasêdhahan | pundi silih ingkang awon | punapadene kang raka | Prabu ing Kartasura | sêprandene putranipun | mêksih dika êla-êla ||
1 | Variasi: Pugêr (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | andêdagan. (kembali) |
3 | mogok (dan di tempat lain). (kembali) |
4 | prabawa. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: kangjeng suhunan ngungun tan sipi. (kembali) |
6 | Tanggal: buta roro ngrasa tunggil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tahun Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. (kembali) |
7 | ingestrenan. (kembali) |
8 | swuh. (kembali) |
9 | bêngkayang. (kembali) |
10 | ngowêla (dan di tempat lain). (kembali) |
11 | mêncorong. (kembali) |
12 | goroh (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | sambating. (kembali) |
14 | ngêlosod (dan di tempat lain). (kembali) |
15 | mêgogok. (kembali) |
16 | angenggarkên. (kembali) |
17 | Biasanya guru lagu a: brăngta. (kembali) |
18 | Variasi: brêtyapati (dan di tempat lain). (kembali) |
19 | wandawa. (kembali) |
20 | Variasi: kalawan (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | manêdhêng. (kembali) |
22 | Lebih tiga suku kata: padha wos jayèng mijaya. (kembali) |
23 | Variasi: angling (dan di tempat lain). (kembali) |
24 | kêtimbis. (kembali) |
25 | laju. (kembali) |
26 | bêcik. (kembali) |
27 | bobot (dan di tempat lain). (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: saya andrês kang luh. (kembali) |
29 | Teks asli tidak terbaca. (kembali) |
30 | sêrakah. (kembali) |
31 | Tanggal: Sêptu Kaliwon tiga likur (23) Jumadilakhir Alif (Sura): ardi kalih rasa tunggil (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêptu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: saiki ingsun tan apti. (kembali) |
33 | amêrapit. (kembali) |
34 | kondur. (kembali) |
35 | Kurang satu gatra: ke-7 (6u). (kembali) |
36 | pêncorong. (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: pra dipati kinèn mêkajangan. (kembali) |
38 | sida. (kembali) |
39 | kotbuta. (kembali) |
40 | Radèn. (kembali) |
41 | Lebih satu suku kata: amung Radèn Ăntawirya. (kembali) |
42 | tikswa. (kembali) |
43 | lampus. (kembali) |
44 | Lebih satu suku kata: atmaja minungi bapa. (kembali) |
45 | kumênthus (kembali) |
46 | bodhol (dan di tempat lain). (kembali) |
47 | prapta. (kembali) |
48 | ngingêr. (kembali) |
49 | kawarni. (kembali) |
50 | kinèn. (kembali) |
51 | macapat (dan di tempat lain). (kembali) |
52 | lêloji (dan di tempat lain). (kembali) |
53 | ratpênindiya. (kembali) |
54 | tinarka. (kembali) |
55 | kajuwêtan. (kembali) |
56 | Mêngkurat. (kembali) |
57 | kang. (kembali) |
58 | Panênggak. (kembali) |
59 | măngsa. (kembali) |
60 | anêmêni. (kembali) |
61 | dhodhog. (kembali) |
62 | dodol. (kembali) |
63 | dijêglong. (kembali) |
64 | momong (dan di tempat lain). (kembali) |
65 | kacidrèng. (kembali) |
66 | pêrlune. (kembali) |
67 | sigra. (kembali) |
68 | nêhêr. (kembali) |
69 | lolos (dan di tempat lain). (kembali) |
70 | wowoti. (kembali) |
71 | ambodholakên. (kembali) |
72 | bohong. (kembali) |
73 | sorog. (kembali) |
74 | wignya. (kembali) |
75 | Tanggal: naga ro kawayang jalmi (AJ 1628). Tahun AJ 1628 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Mei 1704 sampai dengan 25 April 1705. (kembali) |
76 | kodhokngorèk (dan di tempat lain). (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata: kang sarta surat paduka. (kembali) |
78 | ngenggalkên. (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata: yèn ana para sêntana. (kembali) |